Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47)
1. | Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 01–25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- 137 [lanjutan] ---
26. Dhandhanggula
1. pundi silih dustak ing Kumpêni | gusti kula yèn jendral tan arsa | sayêktine ngadêg dhewe | dènnya rêbat kêdhatun | nadyan mangke sampun awiwit | ing Sampang Surabaya | kang anjunjung ratu | miwah pasisir sêdaya | ing bang wetan riyêg ing karya umiring | marang Dipati Sampang ||
2. kalih dene duk prapta ing ngriki | apan arsa laju maring Dêmak | dènnyarsa umadêg rajèng | sangking kula kang matur | rèhning kita awak Kumpêni | lan ki kapitan mêkas | pangran bangun turut | kumêndur mênêng tan ngucap | gya Kapitan Kênol anambungi aris | riyêg marang Ki Răngga ||
3. pêsthi abis untunging [u...]
--- [138] ---
[...ntunging] Kumpêni | yèn Pangeran Pugêr umadêga | amangun kêraton dhewe | angur milua junjung | abèn-abèn angsal nêgari | ing yuda kinuwatan | pêsthi nêmu untung | wêkasane pan raharja | wong Kumpêni têtêp anèng tanah Jawi | adagang pan kèringan ||
4. manthuk-manthuk kumêndur myarsa ngling | pan rinasa bênêr sêkalihnya | pan sami kèli rêmbuge | akarya surat sampun | angsul-angsul marang Bêtawi | duta Kumpêni layar | tan kawarnèng laut | pinukul ing timur kêras | gancanging kang carita duta wus prapti | nêgari Batawiah ||
5. katur surat sangking ing Sêmawis | marang Gurnadur Harvèk Husdriyan | jendral animbali age | para ratfêni kumpul | rolas idlir bicara sami | surat sangking Sêmarang | gantya-gantya dulu | para dlir samya nupiksa | surasane surat gêgubah rat Jawi | maharjèng pramudita ||
6. maksih rêntêng wêkasaning kardi | dènirarsa madêgakên raja | pan dèrèng gilig rêmbage | kathah sandhunganipun | cangcalane sang prawira di | dènnyarsa madêg nata | wêktu dèrèng ungsum | lir nganti dina prayoga | srat Sêmarang mapan dèrèng dèn angsuli | maksih kèndêl rinêmbag ||
7. kunêng wau kang winuwus malih | dutanira Ki Răngga Sêmarang | praptèng Madura lampahe | katur ing pangran sampun | tinimbalan duta wotsari | saha atur kintakya | tinanggapan sampun | sura sinukmèng wardaya | wus kadhadha pangeran suka miyarsi | manggut sarwi ngandika ||
8. animbali mring para prajurit | wus angadêg baris ing Mêdura | apratăndha pêmbalike | Dipati Surèngkewuh | Ki Tumênggung [Tumêng...]
--- 139 ---
[...gung] Jangrana nênggih | apamit ing sang nata | linilan wus mantuk | sangking nagri Kartasura | pênyanane sang nata dadia tamping | tan nyana ngandhut wisa ||
9. pan sinêrod tan kawarnèng margi | lampahira Tumênggung Jangrana | sampun prapta ing nagrine | lagya kèndêl tri dalu | anèng nagri ing Surawèsthi | ajêng nabrang mring Sampang | andadèkkên rêmbug | wus panggih lawan Pangeran | Cakraningrat kalangkung suka ing galih | ngacaran mring pahêman ||
10. lajêng dhêdharan ngiras apikir | angandika Pangeran Mêdura | ing bratya[1] Surabayane | kakang onêng kalangkung | ingsun maring ing sira watir | mênawa kawêdaka | ing sasolah iku | matur Tumênggung Jangrana | sakêlangkung gèn kawula ngati-ati | upami sinikara ||
11. pan akathah tiyang Surawèsthi | kalih èwu kang têngga kawula | prasamya ti-ati mawon | pami kalingkab ulun | dèn prugula dera narpati | pêsthi adamêl susah | wong Surabaya gung | ingamuka pêsthi bubrah | dèn lêmbata kawula sampun ngatyati | sabên-sabên aseba ||
12. duk rakanta pangran lalos latri | katujune kawula dinuta | kinarya senapatine | nututi lampahipun | sira pangran gumujêng bêlik | dilalah karsaning Ywang | rahayu ing laku | matur Tumênggung Jangrana | sri narendra kawula sawang ing mangkin | cahyane sampun biyas ||
13. kadi dede cahyaning narpati | yèn kalane miyos sinewaka | lir Cina mulês wêtênge | datan adarbe kuwung | prak atine sampun ngunusi | sengohe wus lumajar | manise kaplayu | tan wontên mantranya lawan | kangjêng swargi rakanta [ra...]
--- [140] ---
[...kanta] sri narapati | salir solah bawanya ||
14. Pangran Sampang anuduhkên aglis | surat ingkang sangking ing Sêmarang | tinupiksa ing têmbunge | Dipatya Surèngkewuh | langkung tusthanira ing galih | Pangran Sampang ngandika | hèh kakang karsèngsun | aprêkara Surapatya | sun utusi aja obah aja osik | yèn nêdya têtulunga ||
15. marang Prabu Kartasura nuli | ingsun gêcak nagri Pasuruan | aja ngrêregoni gawe | nadyan mintara tèngsun | kakang marang nagri Sêmawis | yèn wis ing Pasuruan | karuwaning laku | matur Tumênggung Jangrana | inggih lêrês inggih anuntên suwawi | paduka utusana ||
16. wus akarya surat sang dipati | dan anuduh pra mantri sêkawan | mantri Surabaya roro | kanêm duta wotsantun | pangarsane ran Konangpasir | duta sampun umêsat | anumpak ing laut | ing ênu datan winarna | gancanging kang carita cundha wus prapti | nagri ing Pasuruan ||
17. wus katur mring Sang Wiranêgari | duta Sampang sigra tinimbalan | praptèng ngarsa tur surate | dan tinanggapan gupuh | tinupiksa sinukmèng galih | têmbunge kara-kara | salam donganingsun | rakanta Pangran Mêdura | Anyakrèngrat dhumatênga ingkang rayi | sang andon Pasêdhahan ||
18. wiyosing kang manira wèh uning | adhi marang jênêng pêkênira | manirarsa ngadêgake | ing Pangran Pugêr ratu | lamun sira adhi ngêboti | ing Rajèng Kartasura | mungsuh lawan ingsun | yèn sira tan munasika | pêsthi arja lah iku pilihên adhi | yèn kêna ingsun aman ||
--- 141 ---
19. wus kêdhadha têmbunging kintaki | duta Sampang sampun ingangsulan | pinisalin sigra lèngsèr | tan kawarna ing ngênu | ing Mêdura sang duta prapti | lajêng tumamèng ngarsa- | nira pangran wau | duta manêmbah tur surat | angsul-angsul sangking Sang Wiranêgari | surat wus tinampanan ||
20. tinupiksa mutadaning tulis | kaatura kang sêmbah arinta | pun Wiranagra wiyose | kaaturèng pukulun | kakang êmas Sang Adipati | Sampang Anyakraningrat | paduka sung pemut | kangêmas dhatêng kawula | sak rèh tuwan arsa ngadêgkên narpati | ing sakarsa paduka ||
21. pan kawula kakang tan parduli | aran sami kang darbe nêgara | arêbut sami bangsane | singa kang dadi ratu | apan kula kangmas wong cilik | tan liyan Pasêdhahan | ingkang kula tunggu | pangeran suka miyarsa | tuwin sira Jangrana ing Surawèsthi | pangeran angandika ||
22. lah ta kakang wadya Surawèsthi | payo kakang siyagaèng bala | wong pasisir wetan kabèh | kêrigên ja na kantun | yèn amagok gêcêkên aglis | kakang nuli mantuka | dandana wadya gung | budhal Tumênggung Jangrana | sangking Sampang andalani ing Garêsik | ing Garêsik sêmana ||
23. apan sampun uninga ing warti | lamun balik Sang Dipati Sampang | ing Pangran Pugêr ujude | sumêdyèng băngga pupuh | ing Lamongan sampun akait | kawratan sihing nata | Kartasura agung | dadya samya pradandanan | bêdhug tiga Tumênggung Jangrana prapti | numpak sangking ing palwa ||
--- [142] ---
24. kaèbêkan nêgari Garêsik | dening prajurit ing Surabaya | wadya ing Garêsik gègèr | aprang ing alun-alun | wong Garêsik wantuning kêdhik | karoban ing ayuda | prasamya lumayu | angêmbul lawan Lamongan | wadya Surabaya anglud anglurugi | kutha Lamongan bêdhah ||
25. sampun mantuk wadyèng Surawèsthi | Ki Jangrana praptèng Surabaya | aprêdandanan balane | wêtara tigang èwu | wadyèng Surabaya dèn ulig | binêkta mring Sêmarang | iku badhenipun | gantya ingkang kawuwusa | Kartasura sampun ingaturan warti | dirèng Pangran Nglamongan ||
26. yèn Pangeran Madura ambalik | tuwin Adipati Surabaya | wus angadêg gêgamane | wadyèng pasisir suyud | ingkang magok dipun gêcêki | lan malih ing Têtêgal | barise angrêgu | kanan kering ginêcêkan | sri narendra dukane yayah sinipi | kya patih tinimbalan ||
27. praptèng pura ngandika nêrpati | Sumabrata Sunarsa utusan | maring Sêmarang bêcike | mundhut bêburon ingsun | Paman Pugêr maring Kumpêni | arsa sun lurugana | apan wurung tamtu | kinukutan lawan nora | Sumabrata umatur lêrês narpati | suwawi utusana ||
28. Ăntagopa sigra kang tinuding | pangarsane pan mantri têtiga | binêktan surat wus lèngsèr | nêngêna tan winuwus | dan warnanên prajèng Sêmawis | apan lagya bicara | Kênol lan kumêndur | myang Răngga Yudanêgara | Wêlănda gêng ingkang prapta wira-wiri | maring nagri Sêmarang ||
29. pan kacatur Ki Răngga Sêmawis | Sênèn Kêmis dènira bicara | nèng kantor kêkipu bae | prandene durung rampung | nanging sakèh [sa...]
--- 143 ---
[...kèh] tanah pasisir | Sêmarang sapêngetan | sapêngilènipun | urute nagri ing Têgal | nagri Batang Pêkalongan samya wiwit | ngungak-ungak Sêmarang ||
27. Pangkur
1. ukur amung nagri Dêmak | partisara ngarêpakên Sêmawis | kawarna dutaning prabu | praptèng nagri Sêmarang | Ăntagopa lumêbu ing laji gupuh | surat tinampan kapitan | anulya dèn tupiksani ||
2. kumêndur milu nupiksa | bêbukane kangjêng sri narapati | mundhut kang paman puniku | lawan kinèn nusulna | pawongane ingkang paman nguni kantun | pan kêkalih namanira | Bok Kênanga Bok Mêlathi ||
3. tăndha maksih palimirma | mring kang paman kangjêng sri narapati | lan Kumpêni kinèn nayut | wong pasisir kang padha | mangastuti magang atur panênungkul | mring Pangran Pugêr Dipatya | Kapitan Kênol sru angling ||
4. hèh gandhèk ing Kartasura | wong Kumpêni apan ora ngaturi | pangran nèng Sêmarang iku | pan karsane piyambak | akon nyêgah wong ngawula iku luput | pan ingsun ora kuwasa | dudu atasing Kumpêni ||
5. nadyan wong sak tanah Jawa | angawula apa gawe malangi | kumêndur nambungi wuwus | gandhèk ingsun têtanya | lah ta ingkang jênêng Pangran Pugêr iku | lan ratumu prênah apa | Ăntagopa kêthip-kêthip ||
6. ature inggih kang paman | Rikhlop Tasmin Tèndêr gabêr mêcicil | sarywa kêplok dènnya muwus | pêgene ratunira | buh akale mênging wong ngawula iku |
--- [144] ---
ujêr si nêgara Jawa | padha-padha anduwèni ||
7. Kumpêni măngsa dahwea | lah jajalên aturana pribadi | pangeran yèn gêlêm kondur | maring ing Kartasura | wêtaraku kaya dudu krêsanipun | kapitan sumambung akras | yèn wani cêkêlên aglis ||
8. nganti bingung Ăntagopa | ngiwa nêngên sraweyan dèn tudingi | gumêtêr ulate biru | Kapitan Kênol mojar | wis muliha ingsun tan awèh sul-angsul | sakarsane ratunira | gone ngarani mring mami ||
9. wus pamit Ki Ăntagopa | bok parêkan Kyai Răngga nampèni | caraka lakunya darung | prapta ing Kartasura | sampun katur sêdaya sasolahipun | surat datan winangsulan | Kumpêni têka sumêngit ||
10. Sumabrata duk miyarsa | anglês ngênês ngêlunthung tyas ki patih | sang nata tambah kang bêndu | têdhak maring kunjaran | Dyan Sudira arsa tinuwêka gapyuk | anyothe Kyai Bêlabar | kawul toya bakor[2] ngiring ||
11. rawuh ing gêdhong kunjaran | sri narendra jumênêng ngintip-intip | pangandikanira asru | Sudira tampanana | gonmu salah kêtiban ing khukum ingsun | dan ingkang rayi nangling kras | iya patènana gipih ||
12. sutikna aja wong liya | kang anguntapakên ing pati mami | pan wus takdir untung ingsun | tiwas nêmahi lina | yèn mênanga ingsun mêsthi dadi ratu | aja lawas kapilara | sampurnakêna tumuli ||
13. sang nata lagya parentah | mirantèni sang arsa dèn têlasi | gara-gara rèh gumlêdhug | lir ginonjing buntala | udan andrês bayu siwat-siwut awu | gunung Mrapi mulad-mulad [mulad-mu...]
--- 145 ---
[...lad] | gunung Kêlut angunèni ||
14. gunung ro padha nyuwara | lamun tamtu gadan dipun têlasi | sêmayan angajak tumbuk | nèng luhur Kartasura | umob mawalikan tang samodra kidul | ringêng tyas sunan sru maras | dadya sande dèn têlasi ||
15. kacatur ngantos ping tiga | dèn angkati duk arsa dèn têlasi | gara gora patêr bêntur | jêladri prakampinta[3] | lamun mêndhe sirêp swara gunung ladhu | dadya êmbanira radyan | kinarya wakiling Gusti ||
16. sang nata sigra tumêdhak | maring gêdhong nyalirani pribadi | êmban sinaoskên ngayun | ginoco mring narendra | Ki Bêlabar kang kinarya rah sumêmbur | Ki Mban Jomblang wus palastra | kang rayi dipun luwari ||
17. lajêng jinunjung lênggahnya | sinung nama Pangran Arya Ngabèi | Loring Pasar dalêmipun | ngênggyani Kasindurjan | lêlênggahnya damêl kula kalih èwu | dene Patih Sumabrata | ngênggyaning[4] wismane lami ||
18. sanwetaning[5] Pêjagalan | Pangran Bèi kinathik ing raka ji | apan ta sinawung-sawung | tinandhingkên ing rama | tandya pra bupati pasisir tinundhung | bang kulon bang lor sêdaya | samya kinèn jaga nagri ||
19. kandêla tampinganira | sak ungkurnya punggawa ing pasisir | wong Kartasura anglurug | dinutèng ing narendra | ingkang anjog ing Dêmak mênggalanipun | Ki Arya Mandurarêja | wêdanane wong Panumping ||
20. priyayi agêng tindhihnya | Ki Tumênggung Wirawăngsa prituwin | sèwu numbakanyar têmpur | pangirid Wirasêstra | kang mangilèn badhe anjog Kaliwungu | priyayi bumi Bumija | Ki Mangkuyuda
--- [146] ---
lan ari ||
21. Ki Tumênggung Natayuda | lan sêntana Pangran Blitar nindhihi | Pangran Balitar cinatur | têdhak Kajuminahan | mêksih cêlak lan Dèn Ayu Pugêr iku | kang badhe anjog Têtêgal | Banyakwidhe kang nindhihi ||
22. wadya têngahan Toyamas | dwi mênggala Pangeran Surawèsthi | nagri Kartasura umung | wiwit kuwur kang manah | sri narendra mapan wus ngraos kêduwung | èngêt wulange kang swarga | kang manah sumala kingkin ||
28. Asmarandana
1. kawarna nagri Sêmawis | pangeran wus sugih wadya | Sêstrajaya kèh magange | bawah pasisir sêmana | akèh polahanira | maring Kartasura macung | bupatine mring Sêmarang ||
2. wus akèh kang samya prapti | dalah wong ing Kartasura | wus ngunusi akèh balos[6] | ambyuk dhumatêng Sêmarang | wong cilik rêreyongan | kang padha arêbut tangguh | akèh uga mring Sêmarang ||
3. kang tinênga wong Kumpêni | Cakraningrat myang Jangrana | tur pangran alus budine | myang wong Sampang Surabaya | tindhih putra sêntana | rong èwu prapta rumuwun | pinasrahkên Sêstrajaya ||
4. Pangran Cakraningrat mangkin | lan Tumênggung Surapringga | mêksih anarubakên wong | kering kananing bang wetan | yèn wis radin sêdaya | binêkta sak lampahipun | seba dhumatêng Sêmarang ||
5. mêngkana ingkang kawarni | wontên duta lagi prapta | sing Bêtawi khulnèl loro | dutane gurnadur jendral | wus panggih lan pangeran | angaturi dhapuripun | tindaka mring Batawiyah ||
6. jendral yun panggih pribadi | kêlawan kangjêng pangeran | saniskarane karsane | pênêd panggiha piyambak | yèn pangeran tan arsa | amung wakile dèn suwun |
--- 147 ---
ananggung salir bicara ||
7. nglocipta pangran dipati | sêngadi dèn alimana | yèn sun mintara pêkewoh | maring Nêgara Jakarta | sakèh wong tanah Jawa | kêdhik kang ngandêl maring sun | miwah kang para punggawa ||
8. panêrkaning tyas amêsthi | yèn ingsun kêna paekan | dèn arani pênggawene | anak Prabu Kartasura | marma ingsun tan arsa | Ki Răngga alon umatur | alêrês karsa paduka ||
9. mangkya Pangeran Dipati | Pugêr ngandika trah gula[7] | hèh Ki Besan sira bae | manira dol mring Wêlănda | mintara mring Jakarta | dadia sêsilih isun[8] | tanggungên awak manira ||
10. Mas Răngga matur wotsari | gusti dhumatêng sandika | sampun mênggah ing sakite | nadyan têmahan antaka | tan gumingsir pangrèh ta | nanging kula gadhah atur | benjing sapêngkêr kawula ||
11. yèn sampeyan dèn aturi | dhumatêng kumêndur benjang | pinarak dhatêng lajine | sampun paduka tumindak | pun kumêndur punika | upami adarbe atur | bicantên akathah-kathah ||
12. sampun paduka lawani | kasêngadèkna kawula | pinapas mêkatên mawon | besuk yèn têka Si Răngga | sakèhe kang bicara | samubarang karsaningsun | kabèh wis ana Si Răngga ||
13. jêng pangran mèsêm dènnya ngling | lah iya Ki Besan iya | aja sumêlang ing tyase | muga besuk kêlakona | ing sak wêwêkasira | Ki Răngga malih umatur | lan malih sawingking kula ||
14. arinta Sampang Dipati | lan Tumênggung Surapringga | yèn sampun dhatêng marangke | dèn jukarangi[9] solahnya | nglantrah kridaning[10] yuda | dêdimèn nuntên sumuyud | pasisir măncanêgara ||
--- [148] ---
15. supami pinrêpak jurit | dening bala Kartasura | sampun enggal saparêmpon | kêjawi yèn dipun larag | inggih dèn lawanana | yèn kèndêl panuwun ulun | ing yuda dèn sabarêna ||
16. mung dèn samya ngrêgu mranti | angumbar ngês goragadha | paduka mangun kêramèn | anggladhi miwah bêbêksan | ingkang kawula angkah | inggih gusti pun kumêndur | gugu pangandêl mring tuwan ||
17. karya kang kula lampahi | ènthènga ingkang bicara | pun jendral kula ongkoke | yèn bêgja pamrih kawula | arinta ing Mêdura | lan Jangrana Surèngkewuh | prawara digja[11] rat Jawa ||
18. gagah prakoswa ing kardi | dadosa pyayi panumbak | mung kantun saragênine | yèn sarta bêgja paduka | gusti mung pun Wêlănda | pantês saragênènipun | prawira sugih sêndawa ||
19. mangrês tyas yayah manangis | Pangeran Pugêr Dipatya | tumon Ki Răngga ature | ciptaning tyas dhuh Si Răngga | antya sih trêsna ringwang | muga walêsên Ywang Luhur | parêng ingsun lara wirya ||
20. dumadya ngandika aris | Ki Besan sapungkurira | kaya tan ora mêlèsèd | kang sarta pitulung Alah | kang asih ing manira | ri Mas Sampang Surèngkewuh | nyubaki saciptanira ||
21. Ki Răngga matur smu ajrih | nyaoskên bêkti kawula | kêkucah dalêm langkunge | kang katêdha ing dasihta | jêne wrat pitung katya | laywan reyal kalih èwu | kadamêla upacara ||
22. kaprabon jumênêng aji | sampun nistha tambêl bêtah | jêng pangeran kêna tyase | Ki Besan ingsun tarima | anging pawèhira |[12] ing mêngko karyanên sangu | surup ngong paring mring sira ||
23. têlungane ingsun kaki | ingkang olunga
--- 149 ---
lunga |[13] Ki Răngga dhêku wotsinom | wuwuh ya imbuh trêsnanya | pangran dhatêng Ki Răngga | kinèn nguju[14] mring dyan ayu | winêraga nora sita ||
24. kang sarta pangran maringi | supe in bêbêrkatan |[15] sangking jariji pinacot[16] | nuwun nuwuk[17] Kyai Răngga | gusti sampun sumêlang | pun Răngga saturunipun | wulucumbu jêng paduka ||
25. mèh datan arsa nampèni | nanging pinêksa kewala | Ki Răngga matur wotsinom | nanging gusti tur kawula | yèn lulus pitulung Ywang | paduka jumênêng ratu | sampun kados Kartasura ||
26. putra paduka sang aji | Susunan Mangkurat Êmas | botên sae jêrajate[18] | kang garwa tumut parentah | myang kang ibu kuwasa | marentah para tumênggung | awon sêbawaning praja ||
27. wanodya angrèh prêkawis | Dèn Ayu Pugêr ngandika | Ki Besan mungguh wak ingong | aja sira walangdriya | tan nêdya mêngkonoa | Ki Răngga nêmbah tumungkul | gya mêdal aprêdandanan ||
28. Sêstrajaya dèn panggihi | Banyakpatra Jiwasuta | anjurung karaharjane | sarta Ki Răngga angsung mas | maring Ki Sêstrajaya | laywan kêmasan pêpitu | kang garapa upacara ||
29. banyakdhalang sawunggaling | kacu myang ardawalika | ginêlaka sak pungkure | yayah kadaut tyasira | sira Ki Sêstrajaya | Ki Răngga lingira arum | Ki Ngêbèi Sêstrajaya ||
30. benjing yèn lujêng ing wingking | jêng gusti sang pinangeran | tulus amêngku kêprabon | amung ingkang kula têdha | dadosa lênggah kula | bumi urut margi sèwu [sè...]
--- [150] ---
[...wu] | dene ta badan manira ||
31. winade dhatêng Bêtawi | kinarya gadhèn têbusan | anglampahi ayahane | sanadyan tumêkèng lina | sampun manira sêdya | anglabuhi bicara gung | dados bêbantên pangeran ||
32. Ki Sêstrajaya duk myarsi | waspandrês tinênggak-tênggak | tan sagêd mangsuli linge | sêmana wus kênthing dina | mawan Kênol Kapitan | myang utusane gurnadur | sigra numpak palwa layar ||
33. budhale sangking Sêmawis | anuju wulan Mukharam | Rêbo ping pitu tanggale | kunêng ing laut wus prapta | pan nêgari Jakarta | duk alèrèn wolung dalu | Ki Răngga mangkat bicara ||
34. dhatêng kutha intên aglis | Kapitan Kênol rowangnya | jendral wus ngrênggani kantor | ratfêninya kalih wêlas | para idlir bicara | myang komasaris tumênggung | pintu bicara rat Jawa ||
35. bêbanjêngan kanan kering | samya bagègkên[19] sêdaya | mring Răngga Yudanagrine | ri sampunira anulya | Răngga atur nuwala | tinampèn maring gurnadur | sawusira tinupiksa ||
36. anulya dipun urmati | sênjata agêng ping sanga | Ki Răngga tinundhung mondhok | bubar kang ratfênindiya | kacarita wus lama | aruwêd bicaranipun | prêdondi karya sri nata ||
29. Sinom
1. tan sanès bicaranira | laywan duk anèng Sêmawis | cinacad pangeran kêras | tau matèni Wêlandi | lêkas bicara malih | ngling komasaris tumênggung | dhumatêng Kyai Răngga | karsane Kangjêng Kumpêni | hèh ta Răngga Ki Tapan awak Wêlănda ||
2. aja sisihên ing nala | kêrana para ratfêni | Pangeran Pugêr cinacad | ewuh jumênênga [ju...]
--- 151 ---
[...mênênga] aji | ambêk sura cêngkiling | mandah jumênênga ratu | ngilês maring Wêlănda | tan kurang têdhak Matawis | Pangran Arya Panular Arya Mataram ||
3. salah siji piniliha | padha putraning nêrpati | asrêng Ki Răngga lingira | hèh tuwanku pra ratfêni | tan darbe atur kalih | mangke tanapi rumuwun | kala tuwan putusan | nodhi nèng laji Sêmawis | botên ewah kêlaywan ing mangke tuwan ||
4. sênadyan silih kathaha | putrane Rajèng Mêtawis | sayêkti măngsa samia | lan Pangran Pugêr Dipati | paramarta ing dasih | krama wicêksana alus | laywan botên bêbakal | wus tatya ngrênggani aji | duk Matawis jumênêng Sunan Ngalaga ||
5. sarta idine kang rama | sumuyud wadya Matawis | malah batine kang rama | asih dhumatêng kang rayi | prêtăndha pusaka ji | ingkang warni waos dhuwung | kathah nèng Kapugêran | sawab putra jêtmikani | ingkang raka Sunan Mangkurat kang swarga ||
6. batine purun kang rama | anggege arsa gumanti | natkala pun Trunajaya | punika kadamêl ringgit | makan tuwan pun ringgit | dhalang karubuhan panggung | bubrah kêraton Jawa | Susunan nèng Têgalwangi | nuntên kanthi Kumpêni mring Kartasura ||
7. mokal yèn tuwan kilapa | sampun wontên buk Kumpêni | Pangeran Pugêr Dipatya | uning kêlamun taruni | sumawitèng raka ji | anut sak solahing ratu | kalih tawang kawula | Sunan Mangkurat kang swargi | lan kang rayi Pangeran Pugêr Dipatya ||
8. kadi mantêp kang taruna | sumuk tambasing tyas êning | langgêng tingkah saudaran [sauda...]
--- [152] ---
[...ran] | uning sihing lyan nitèni | malah kang raka nguni | alame Kumêndur Sêlut | nuwun pun Martapura | ing lair seje lan batin | yèn wania Martapura linabuhan ||
9. loji Jêpara binungkar | sangking têlase tyas mami | angandhar wadining nata | dados awon anglangkungi | kados kula puniki | Sunan Mangkurat kang surud | langkung sih mring kawula | tan sanès lawan sang ari | inggih sangking gêmpunge manah kawula ||
10. dene Kumpêni sru nacad | mring Pangran Pugêr Dipati | tuwan wêtawis kawula | nadyan Kumpêni nambahi | tan tumut ngangkat aji | yèn pangran srêng karsanipun | mangun wikana ing rat | kagulung ing tanah Jawi | sintên purun mangsaha kang mangsah nyêmbah ||
11. pan Jawa kagunganira | tanapi para bupati | sêmăngsa dèn timbalana | mring pangran sêdaya maswi | duk maksih kang raka ji | sang ari ingayun-ayun | dera ambêk darmaja | mangkya kang raka ngêmasi | pantês gantya kawibawaning rakendra ||
12. tuwan-tuwanku sêdaya | mung puniku atur mami | nadyan jumênênga nata | andhahar ing atur mami | Kênol puniki sêksi | rintên dalu tumut jangkung | gya kapitan atanggap | amantoni manis-manis | pra bicara idêlir mênêng sêdaya ||
13. wêkasan bubar kewala | kocap Ki Răngga Sêmawis | dèn rès ginêdhong ping tiga | sangking apiking Kumpêni | nulya tinodhi malih | datan owah aturipun | tuwan kula punika | ngrasa awaking Kumpêni | undhak kula cukup angingoni rayat ||
14. mapan ta sangking andika | punapa pêmalês mami | mila manira kalintang | ngeman susahing Kumpêni |
--- 153 ---
tuwan punapa malih | sru ngowêl tunaning untung | dene badan kawula | tan arsa mantuk Sêmawis | lamun jendral tan arsa ngangkat jêng pangran ||
15. kawula nir jalma tama | ringong wisma ing Bêtawi | suka têmahan prêlaya | sangking tan sagêd ningali | rusaking tanah Jawi | tanapi pasisiripun | botên wande gêlura | wadya lit kathah ngêmasi | kintên kula pasisire bumi Jawa ||
16. kadi tan kenging dèn ambah | wong sabrang kang samya grami | mênêng kang para bicara | tan ana bisa nauri | dadya bubaran malih | duk antawis pêndhak minggu | kumpul mangkat bicara | mèh dhangan jendral ngèlèdi | sarwa ngawe mring pintu bicara Jawa ||
17. sêbdane cara Wêlănda | gya tumênggung komasaris | angucap maring Ki Răngga | hèh Răngga Yudanêgari | apa ontung Kumpêni | umpama anjunjung ratu | mring Pangran Pugêr ika | opah-opahe punapi | Kyai Răngga ature opah punapa ||
18. kêjawi kados ing kina | kala kang raka nêrpati | lulus prêjangji tan owah | pan amung tigang nêgari | Pamêkasan prituwin | Cêrbon Pasundhan puniku | tuwan inggih punika | têtêp meliking Kumpêni | lawan darbe kuwasa pasisir Jawa ||
19. wong sabrang tan kenging ngambah | yèn tan atas lan Kumpêni | tan kenging wong dagang layar | puniku kêdah punapi | sampun kathah nglangkungi | jendral mèsêm sarwa bêkus | lagya eca bicara | pan kêsaru surat prapti | sangking tuwan kumêndur kang nèng Sêmarang ||
20. dhapur ngaturi uninga | dhumatêng para ratfêni |
--- [154] ---
mangkya nagri Kartasura | sampun sangêt dènnya gonjing | lawan bawah pasisir | sampun ngadêg barisipun | mungsuhing Kartasura | kagulung sanggyèng rat Jawi | mring Pangeran Pugêr kang lunggyèng Sêmarang ||
30. Dhandhanggula
1. kadi lalêr angumprêng ing gêndhis | solahipun tiyang tanah Jawa | ambyuk mring Sêmarang kabèh | pamugran ingkang tinut | bratya Sampang lan Surawèsthi | wadyabala Mêdura | laywan Surèngkewuh | ewon wus praptèng Sêmarang | bupatine mêksih kantun nèng nêgari | jagani Pasêdhahan ||
2. panêrkane yèn pun Surapati | anêlabung madyaning ranongga | karane dèn arêpake | wong Kartasura srusuh | sabên dina kathah kang prapti | nusul dhatêng Sêmarang | kang dados gêgêtun | watêke Pangran Dipatya | Pugêr dèrèng arsa madêg narapati | maksih nganti Ki Răngga ||
3. kang kinarya wakiling prêkawis | bicara lawan tuwanku jendral | puniku dèn antos-antos | Pangeran Pugêr alus | sabar badhe asih Kumpêni | sampun talendhor tuwan | kantun junjung ratu | Kumpêni ampang têmumpang | yèn ngantosa pangeran madêg pribadi | Kumpêni kasusahan ||
4. para idlir gantya nupiksani | Kyai Răngga nuli malangkadhak | gumuyu sarwi akêplok | ujar tuwan-tuwanku | ora ana ngandêl ring mami | lambe kaya gopèla | tan andhahar atur | bukak topi tuwan jendral | amarani Ki Răngga tandya kinanthi | nunggil drèktur lungguhnya ||
5. Kyai Răngga nulya dèn urmati | sênjata gêng muni ping sangalas | para dlir gantya sung tabe | sarywa sinung jêjuluk [jêjulu...]
--- 155 ---
[...k] | Kyai Răngga maring Kumpêni | ingaran anak jendral | ing saturunipun | wus kanggêp maring Wêlănda | dan bubaran Ki Răngga mawi kumêtir | nunggang kareta rukma ||
6. dupi antawis ing tigang latri | jendral ratfêni nèng kantor bêsar | Ki Mas Răngga sampun saos | sinung parentah sampun | kinèn mantuk dhatêng Sêmawis | tuwin Kênol Kapitan | kang palkat wus sinung | kang sinrat ing kartas jênar | srat pêngangkat wus runtut para ratfêni | jumurung ing karatwan ||
7. sarta sanggup angawaki jurit | ngrurah satru ingkang ambêk krura | nanging wontên panuwune | amung nagri têtêlu | ing Jêpara Sumênêp Têgil | yèn lêga jêng pangeran | lan atur pisungsung | busana biludru renda | kain-kain kang adi miwah hèr wangi | pirang-pirang gotongan ||
8. pra putra samya winiji-wiji | sanès laywan kang katur kang rama | lan tuwan jendral ing mangke | nênggih ngaturi bantu | wolung atus wadya Kumpêni | sèwu Kumpêni Eslam | akèh warnanipun | Ambon Trênate Mêkasar | wong Sêmbawa prituwin kang wadya Bugis | kang tinuduh ngrèhêna ||
9. prajurit wudhu tatya nrang wèsthi | bêdhah kutha blênggu raja-raja | Atmral Safilman arane | wantêr waskithèng kewuh | tanah sabrang tan olèh tandhing | kang mêcah ing Sêmbawa | myang Bugis yaiku | umur pitung puluh lima | pan wus tuwa maksih kuwat mangun jurit | prang dharat laut guna ||
10. kapitan papat mayor kêkalih | kang sawiji ran Mayor Pratisman | Baron Sêmahut sisihe | dene kapitanipun | van dêr Volan Kapitan Budir | Kapitan Palkus laywan | Krasbun jangkêp catur | tindhihe Kumpêni [Kum...]
--- [156] ---
[...pêni] Islam | pan akathah kapitan Ambon lan Bugis | Mêkasar lan Sêmbawa ||
11. Kapitan Kênol sampun apamit | atanapi sira Kyai Răngga | wus tinampan bêbêktane | ngriyini budhalipun | dene wau sagunging baris | pan ganti têlung dina | atmral angkatipun | lagi èwêd bagi arta | gêgajian măngka sanguning jurit |[20] pan kêton pitung lêksa ||
12. sampun mancal sagung kang prajurit | Atmral Safilman anèng lautan | mlêtuk masimbar palwane | nêngna malih winuwus | langkung otêr tanah pasisir | kang kabrokan gêgaman | wong Kartasura gung | puniku tan malih tingal | dene ingkang datan kanggonan ing baris | suyud marang Sêmarang ||
13. nagri Dêmak kang rosa pribadi | Pêkalongan prituwin ing Batang | nora mèngèng mring ratune | amung nêgari Kudus | laku loro ngacungi patih | kinèn maring Sêmarang | de tumênggungipun | maksih maring Kartasura | Patih Kudus Patrajaya kang wêwangi | nèng Sêmarang katrima ||
14. kawarnaa nêgari ing Pathi | duk alame Mangunonêng wijah | pan atilar anak roro | Tirtanata kang sêpuh | nanging datan lumakwèng kardi | Kyai Răngga Prêmana | nênggih arinipun | ngawula anèng Sêmarang | darbe anak Bagus Wabru kang wêwangi | dèn mong mring uwakira ||
15. Tirtanata kang tunggu ing Pathi | Răngga Prêmana apirêmbagan | kêlaywan[21] Wabru anake | andum gawe sêkuthu | bapakane magang Sêmawis | Wabru mring Kartasura | kanggêp Bagus Wabru | jinunjung marang narendra | sinung aran tumênggung naluri kaki | Mangunonêng arannya ||
--- 157 ---
16. kinèn têngkar prêbawa anggitik | kanan kering nagri ing Santênan | Ki Wabru agêng manahe | ingêbang mring sang prabu | dadya wêdananing pasisir | Ki Wabru gurawalan | mangkat dalu-dalu | wong têlung puluh rewangnya | dumêrajog sak praptanira ing Pathi | kandhêk ngalun-alunnya ||
17. uwaknya Dêmang Tirtanata wrin | lamun sutane Ki Wabru prapta | parentah mring wong bature | praptane anak ingsun | lamun têka Sêmarang nuli | lêbona[22] dèn aenggal | kangên sutaningsun | yèn têka ing Kartasura | dhimin mula ingsun ora angrêmbugi | sirah ro maro tingal ||
18. ing wong ngawula ratu tan kêni | andum gawe laku pêpatungan | nora kandêl sak umure | ijirku sun kon kumpul | lan bapakne anèng Sêmawis | iku sing Kartasura | tundhungên dèn gupuh | aja sira wèhi lawang | murang ujar nora gugu pikir mami | Ki Wabru wus ngujaran ||
19. Ki Wabru runtikira tan sipi | sêkala lali ing uwakira | wus sanggup marang ratune | mêcah ing Pathi Kudus | thêrathakan tumbak pinusthi | sak wonge tigang dasa | sarêng dènnya ngamuk | wong Pathi gègèr puyêngan | sira Wabru angamuk lir proding yêksi | wong Pathi kèh palastra ||
20. kori kinunci dipun dhupaki | lawang bêjad Dêmang Tirtanata | mudhun sarwi nyangking tamèng | sêdyane uwakipun | dipun imur dêrapon eling | mila tamèng kewala | kang cinangking mêtu | Ki Wabru krura magalak | uwakira sinandêr tinumbak wani | tinangkis tamèng kontal ||
21. waon kontit Wabru mangunus kris | sigra uwaknya jinangkah indha |
--- [158] ---
parêng agapyuk karone | ulêng sarêng gumulung | ingkang uwa tinindhês manglih | kari mêmpêng rosanya | ginoco jaja trus | Dêmang Tirtanata lina | samya nangis sak gotrahnya jalu èstri | Ki Wabru nuli mêdal ||
22. angundhangi tarub bala Pathi | pacak baris bêndhe munya ngangkang | Ki Wabru ngadêg barise | arsa mukul ing Kudus | kunêng wau nêgari Pathi | wong agung ing bang wetan | wau kang cinatur | Pangeran Anyakraningrat | lan Jangran wus budhal sangking nêgari |[23] wus lawêd ing bang wetan ||
23. arsa sowan dhumatêng Sêmawis | dipun palih lampahing gêgaman | mêdal nglaut lan dharate | pangeran miyos nglaut | myang Jangrana mrih enggal prapti | agêng kang mêdal dharat | lir wrêdwăngga sèwu | upama lintah kumêlab | dulur-dulur kadi sungapan jêladri | gumulung nora kêndhat ||
24. para putra Mêdura têtindhih | sumbaga sanekya bra ujwala | pangirit ngarsa patihe | ring Mêdura gêng luhur | aran Panji Dipanêgari | têtindhih Surapringga | kadange têtêlu | Mas Ngabèi Ranadirja | laywan Panji Kartayuda atênapi | Apanji Suradirja ||
25. sarta parentahnya sang dipati | kinèn napis sak urut dêdalan | pasisir kang maksih magol | yèn wis nungkul kon laju | bêkta dhatêng nagri Sêmawis | lagya praptèng Juwana | ingkang alêlaku | wadya Pathi kagegeran | sira Wabru wus ingaturan upêksi | yèn prajurit bang wetan ||
26. praptèng Juwana kèbêkan baris | sigra Wabru têngara marsèng prang | prajurit bang wetan wus wroh | lamun wong Pathi ngrêgu | sêdya mapagakên ing jurit | sigra nglarug pinapag | lan wong Pathi campuh |
--- 159 ---
wong Pathi karoban lawan | wong Mêdura Surapringga ngidak wani | malêdug wong Santênan ||
27. Mangunonêng Wabru wus malêncing | ngungsi maring pêbarisan Dêmak | Pathi wus kancikan dene | wong Sampang Surèngkewuh | pra niyaka pangirid baris | kumpul wus amiyarsa | Tirtanata lampus | purwa nalare sêdaya | samya ngungun dene ta kirang sakêdhik | praptane wong bang wetan ||
28. Tirtanata pan adarbe siwi | aranira Ki Tirtawijaya | pêngantèn anyar karone | tan uning ramanipun | duk palastra nuju têtuwi | mring wismaning mratuwa | ing mangkya wus tundhuk | laywan pêpatih Mêdura | sigra budhal gêgaman sing nagri Pathi | Tirtawijaya milwa ||
29. Pangeran Cakraningrat ing mangkin | mang Jangrana kang mêdal nglautan | nèng nagri Jêpara rèrèn | mangkya Petor Jumêlut | mêntas sangking nagri Sêmawis | mantuk maring Jêpara | manggihi têtamu | miwah Tumênggung Jêpara | Kyai Sêcanêgara sangking Sêmawis | ingutus jêng pangeran ||
30. ngenggalakên lampahe kang rayi | Pangran Cakraningrat myang Jangrana | Pangeran Madura age | miwah Petor Jumêlut | myang Jangrana sak wongnya sami | sampun numpak ing palwa | tan kawarnèng laut | prapta nagri ing Sêmarang | Tuwan Petor pan lajêng nyimpang mring loji | Pangeran Cakraningrat ||
31. laywan Ki Tumênggung Surawèsthi | lajêng sowan marang pasanggrahan | prasamya onêng kalihe | Pangran Sampang sru muwun | myang Jangrana sarêng nungkêmi | pada samya karuna | jêng pangran matrênyuh | kang waspa tinênggak-tênggak | wusnya aring solahira [solahi...]
--- [160] ---
[...ra] katur ngênting | wusdene jêng pangeran ||
32. datan prabeda gantya nuturi | niskara prêkara mring Wêlănda | Ki Răngga ingantos-antos | nulya mriyêm jumêgur | ing muwara Ki Răngga prapti | laywan Kênol Kapitan | ing laji jinujug | kumêndur gupuh aseba | nyaosakên srat agêng sangking Bêtawi | angsale Kyai Răngga ||
33. lan kangjêng pangeran sampun panggih | atur tabe tanapi kapitan | Ki Răngga majêng ngêlasod | mulêt pada wêtu luh | gya kumêndur majêng tur tulis | tinampan ing pangeran | urmatnya kêlangkung | surat anuli binuka | sasampuning mungêl tabe jendral tuwin | para ratfênindiya ||
34. kang kathah-kathah eklasing galih | kaatura ing kangjêng pangeran | antya jumurung kaprabon | nanging panuwunipun | rèh sing milwa ngangkat nêrpati | amukul Kartasura | baurêksèng kewuh | wontêna kang sih wilasa | jêng pangeran yèn tulus jumênêng aji | Kumpêni baurêksa ||
35. lan utange ingkang raka swargi | mung tigang kêthi kangjêng pangeran | nyanggupana sêsaure | lan jênênge kumêndur | pilungguha loji Sêmawis | petore nèng Jêpara | laywan dipun tulus | Kumpêni dadosa lawang | tanah Jawi ywan wong sabrang angêjawi | sampun liya marginya ||
36. lan wontên asih wilasa malih | Kumpêni kang mêndhêtakên toya | laywan malih panuwune | dagangan kang kapetung | tanah Jawi kalih prêkawis | bênang laywan marica | Kumpêni kang nuku | binayar sak jining Jawa | lan Kumpêni ngintuni bantuning jurit |
--- 161 ---
katura saudara ||
37. têtindhihipun wirèng Kumpêni | anênggih Tuwan Atmral Safilman | sèwu dhomas sradhadhune | maksih lumakwèng pungkur | lan ngaturi pisungsung kain | sak wontêning Jakarta | myang mring para sunu | lan malih rabi kawula | dhatêng kangjêng radèn ayu kang ngaturi | cindhe bênang mas kasa ||
38. jêng pangeran manthuk trima kasih | sarywa angawe maring Ki Răngga | tumampèng smu lon dêlinge | dhatêng tuwan kumêndur | hèh tuwanku bubaran sami | sak lire kang bicara | kêpanggiha ngesuk | ringong wakile jêng pangran | dika tuwan andêl-andêling Kumpêni | gêntine tuwan jendral ||
39. sami rinêmbag wontên ing loji | dene ingkang jênêngi manira | Pangeran Sampang kemawon | nuli tuwan kumêndur | myang kapitan tur tabe mijil | Pangran Sampang Ki Răngga | Jangrana katêlu | ngatêr kori wijil pisan | têtabean saha sêmayan mring laji | kumêndur nuli pulang ||
40. pra pratiwa tinimbalan malih | myang Ki Sêcanêgara Jêpara | Ki Sêstrajaya karone | Banyakpatra puniku | Kyai Răngga kinèn wêwarti | kala nèng Batawiah | gustyawrat kêlangkung | amba ginêdhong ping tiga | langkung ruwêd bicantên dènnya muryani | nanging kayogi para ||
41. pun kumêndur suratipun prapti | yèn bang wetan kapusthi ngarinta | Pangran Cakraningrat mangke | sêdaya sampun suyud | pan kagulung ing nuswa Jawi | Kumpêni yèn rondhea | amêsthi ywan kantun | dènnya ngangkat panjênêngan | duk miyarsa pun jendral gugup kagalih | nuntên bicantên luwar ||
42. langkung
--- [162] ---
trustha sagung kang miyarsi | Pangran Sampang anambungi sêbda | srate kumêndur tan linyok | sampun radin sêdarum | pra punggawa bang wetan sami | manira bêkta seba | dan ngandika arum | kangjêng pangeran dipatya | mung Si Dêmak kinaryaa pacak baris | gêgaman Kartasura ||
43. Kaliwungu sapêngulon rakit | kancikan baris wong Kartasura | ing Ngadilangu samêngko | yayi Wujil wus rawuh | dene Pangran Răngga awakil | Pangran Têngah kinarya | kèrêm seda nglaut | dene ta Pangeran Răngga | sun wêtara tyase mêksih mêdhang miring | sang tinuturan nêmbah ||
44. gya ngrêmbag panuwuning Kumpêni | owah linggih Pangeran Mêdura | Ki Mas Răngga kang tinolèh | anak kêpriye rêmbug | pênjaluke si jendral iki | Ki Răngga matur nêmbah | yèn sarju pukulun | kalawan raka paduka | dipun pagok[24] yèn kathah upami kêdhik | inggih kêntèn punapa ||
45. tinurutan sampun ngrêrubêdi | ing rakanta pênêd lêstantuna | bilih salêksa kemawon | kang kêlair rumuwun | kala kula wontên Bêtawi | Jêpantên kawan sasra | Têgil gangsal èwu | pan sangang èwu punika | pun Sumênêp pintên cacahipun siti | nangling Pangran Mêdura ||
46. limang èwu cacahe kang bumi | Kyai Răngga matur awotsêkar | punika ginêmpal mawon | bumi kang tigang èwu | pinaringna dhatêng Kumpêni | dados minêb salêksa | langkung kalih èwu | witning yèn kawula cithak | pêparinge rakanta sinuwun swargi | langkung sangking akathah ||
47. ing Pasundhan gangsal èwu tuwin | ing Kêrawang jangkêpe salêksa | kawan lêksa ing Carêbon | gangsal lêksa gungipun | nging punika kula
--- 163 ---
turuti | kêkêdhikan kewala | sampun was ing kayun | nagri kang dados pasrahan | bupatine maksiha sarta jinanji | ywan purun ngewahana ||
48. Sumênêp kalih èwu kang maksih | langkung karsa jêng raka paduka | Jêng Pangran Pugêr dêlinge | sun paringkên riningsun | Pangran Sampang nuwun ngabêkti | Balega Pêkacangan | ingkang kalih èwu | ing Mêdura manjing rolas | Kyai Răngga kêlangkung lêga ngling malih | mring Pangran Cakraningrat ||
49. dene yatra ingkang tigang kêthi | sanggêmanipun sunan kang swarga | cinicil sapriyogine | kinumadaka têmbung | ing lêt tigang taun ngêsoki | pan salêksa kewala | kang rêmbag wus rampung | ing dalu tan winurcita | sarêng enjing Ki Răngga maring jro loji | lan Pangeran Mêdura ||
50. duk sêmana kasaru kang prapti | Atmral Safilman anèng muwara | mriyêm jumêgur urmate | mêntas sêdaya sampun | kêbêk sêsêk nagri Sêmawis | sira Atmral Safilman | apan arsa laju | apanggih lawan pangeran | dadya samya angirid atmral rumiyin | kèndêl dènnya bicara ||
51. tuwan atmral pasanggrahan prapti | duk katingal jumênêng jêng pangran | sakêlangkung ing urmate | Atmral Safilman dulu | ing pangeran ngiling-ilingi | istijrad trang paningal | tuwan atmral wêruh | wus tumuwuh cahya raja | gya pangeran rinangkul dipun ciumi | kênèng ababing grana ||
52. atmral netrane bawur sawiji | pangrasane lir katiban wongwa | apanas pêdhês rasane | sinamun tyas angungun | ampuh têmên wong agung
--- [164] ---
iki | ringong iki wus tuwa | anèng dunya tuwuk | tau nyium raja-raja | tanah sabrang tan ana kang kaya iki | apa pêngawak upas ||
53. oswaning irung băndakalani | mandah silih lamun amukula | ing asta agawe kêjèt | kêjète nuli mampus | kaya priye ta netra mami | lagya rêp mangun aprang | mata siji bawur | sawusnya tata alênggah | nuli atmral ngadêg matur ngasih-asih | anggèr tuwan pangeran ||
54. kula ingutus dhatêng pun kaki | zendral[25] kinèn bantoni ngayuda | sèwu dhomas Kumpênine | parentahing gurnadur | ring kawula awanti-wanti | punapa rèh paduka | milwa sabayantu | lêbura amor pratala | datan nêdya ginggang kridaning ajurit | parentah sang asmara ||
31. Asmarandana
1. eyang paduka mêmêling | katur ing tuwan pangeran | pun Kênol dèn inggahake | dados komasaris bêsar | laywan kang mungêl surat | kumêndur têtêp pilungguh | Sêmarang tuwan lêgaa ||
2. dene ing Jêpantên loji | amung petore kang jaga | pun Răngga Sêmarang mangke | yèn kenginga sampun sowan | dhumatêng Kartasura | yèn tan sarêng lan kumêndur | Ki Răngga tyasnya sampêlah ||
3. atmral nuli matur malih | lan tulusa sobat-sobat | lan Kumpêni sampun pêdhot | yèn tuwan jumênêng nata | sintên miwiti salah | sampun amanggih rahayu | pangran rumajong turira ||
4. anulya samya prajangji | sintên wiwit ngawonana | sampun manggih karahayon | katêlah dala[26] samangkya | jangji Pakubuwanan [Pakubuwana...]
--- 165 ---
[...n] | ingkang linuri tinurut | apan ta kala punika ||
5. sigra têngarane muni | mariyêm lir gunung kumba | atmral anênulis dhewe | akarya buk prêjangjean | nora suwe luwaran | mring loji atmral kumêndur | kunêng ing dalu wus enjang ||
6. Pangeran Sampang mring loji | myang Jangrana Kyai Răngga | nuli lêkas bicarane | pinangkring dening Ki Răngga | panuwuning Wêlănda | yèn akathah datan antuk | pinaringan mung sêpala ||
7. sakliring prêkara pan wis | sinanggêman mring Ki Răngga | bicara asmu kêsompok | dadya anurut kewala | kumêndur mring Ki Răngga | sagung bicara wus rampung | dèn pancêd ing dina Soma ||
8. pangran adêge nêrpati | wigar sak nagri Sêmarang | rineka alun-alune | lirna kang têratag rambat | sanekya rênggèng pura | sinuji-suji winangun | prapta gêgaman Mêdura ||
9. laywan wadya Surawèsthi | kang sangking nagri Santênan | urut dêdalan sinampe | papas tapis ing bang wetan | seba maring Sêmarang | Pangran Sampang kagyat dulu | sak rayate Tirtanata ||
10. Tirtawijaya anangis | wus katur samulabuka | pangran antya pangungune | canthèl atur Sêstrajaya | pêjahe Tirtanata | pinêrjaya mring pun Wabru | wus katur sak mulabuka ||
11. sira pangeran dipati | miyarsa kalangkung duka | Răngga Prêmana tinalèn | sinudukan mring wong Sampang | pinanjêr murdanira | Tirtawijaya pinundhut | winor lan priyayi magang ||
12. kunêng sakêdhap [sakêdha...]
--- [166] ---
[...p] Sêmawis | ya ta Sunan Mangkurat Mas | kang manah wus nyêkul jêne | wiwit anggalar gêdhogan | pan ula dumung ponthang | kang manah kêduwung lênguk | patrape marang kang paman ||
13. yèn karsaa kondur malih | kang paman mring Kartasura | pinundhi-pundhi karsane | pinunjung sabin salêksa | Dèn Ayu Impun ika | dèn antuki dadi ratu | kang manah langkung barubah ||
14. kabubuh miyarsa warti | bantu sangking Batawiyah | sabrang Jawa suyud kabèh | ngastuti maring kang paman | nêgari ing Sêmarang | kèhning jalma lir pêpêdhut | tyas narendra kagegeran ||
15. kêkasihira sang aji | sira Panji Jayaningrat | rinêngkuh sudara yêktos | prasêtya parêng prêlaya | binêktan sak pratigan | dunya kêdhaton dèn usung | kèn gajih prajurit sabrang ||
16. Cina Mêkasar lan Bugis | wong Mandar lawan Sêmbawa | budhaking Wêlănda balos | kumpul nèng Panji Jayèngrat | kinèn abêbitinga | ing Ungaran wus lumaku | angirid wong Kartasura ||
17. pêmajêgan ing Matawis | tuwaburu gawong kalang | puniku kang dèn rèhake | Pudhakpayung bêbarisan | kinêpung ing Sêmarang | ingarsa-arsa mring Prabu | Janingrat mêkasi jaya ||
18. nalika nagri Sêmawis | arsa ngangkat panjênêngan | anuju ing dintên Isnèn | pêpak sagung pra niyaka | andhèr munggèng têratag | abusana pamuwah rum | rêsmining yudanêgara ||
19. lir pasang pijana sari | niyaka nawung smu samya | myang Kumpêni gêdhe-gêdhe | bêbanjêngan kursinira | kumêndur tuwan atmral | miwah komasaris [koma...]
--- 167 ---
[...saris] baru | mayore laywan kapitan ||
20. kawurywan sumbaga srani | myang kopyah dirnatir rukma | lyan tali rukuh murdane | tali pêgilaca pita | pruwit latha kapraya | pinuyur cuwiyun mawur | malêngis sisaning gotra ||
21. myang topi wuluning anjing | winarkata ing rêtna bra | kêkucir mêmêt sinangge | kaywapu pinatik ngrêtna | krutning alis cala bang | thi-athi mangrênuk-rênuk | marêngut ulat kapila ||
22. bêbrêngos lir ulêr gêni | myang lir prasundha dèn êmbat | tăndha prajurit wus katog | nganggya cap Kumpni sêdaya | tumrap ing dhadha kiwa | mukane alatu-latu | swaning dăngga kumyus mêdal ||
23. prasamya nindhihi baris | kanan keringing têratag | dhomas drugundur[27] kemawon | Kumpêni Islam mêlatar | sisih lan wong Mêdura | kinêmasan abra murub | miwah wirèng Surabaya ||
24. myang barise wong pasisir | saha brêdăngga ing wuntat | bungahning rasika angrok | campur rêtangganing surya | mangrênyêp nglaras atya | atmral kumêndur lumêbu | sêkar mêgatruh gumantya ||
32. Mêgatruh
1. angaturi marang sang badhe jinunjung | tandya Pangeran Dipati | Pugêr ginêrbêg para rum | Atmral Safilman anganthi | orêg wadya kang nèng wiyos ||
2. pra niyaka prasamya tilar lêlungguh | wus pinarak sang wira di | nèng dhampar lêlèmèk babut | rinenda ya isi sari | atap pacara kêprabon ||
3. banyakdhalang sawunggaling laywan kacu | kidang rukma lan cêpuri | ardawalika mas luru | kang nămpa samya sêsamir | waos pusaka tan adoh ||
4. wong Mêdura ingkang anjajari [a...]
--- [168] ---
[...njajari] pungkur | wong winêraga pinilih | sanetya wong anrang kewuh | brêngose samya pinidih | bujăngga lodra bêbadhong ||
5. para putra munggèng kanan bagus-bagus | karênggèng busana adi | ngambar gandaning pra sunu | sanetya nirtyèng prihatin | kongas sarine mêdhadhok ||
6. sigra Pangran Madura mandhiri ngayun | asru dènira ngundhangi | padha pirsakna sêdarum | para bupatya myang mantri | ngistokêna kang rumajong ||
7. lamun Pangran Pugêr mangke madêg ratu | sarta lan panjunjung mami | prituwin tuwan gurnadur | mufakat para ratfêni | jumurung ngangkat kêraton ||
8. bisikane nama wasiyat Matarum | Sunan Pakubuwana Di | Senapati ing Apupuh | Ngabdurahmanu Sayidin | Pênatangagama kaot ||
9. kang sewaka sêdaya asaur manuk | sigra Panêmbahan Wujil | jumênêng donga kêratun | pyaywalim myang para khaji | sewasugata mring katong ||
10. swaraning kang amin lir ardi gumulung | sagung niyaka Kumpêni | atur tabe ing sang prabu | urmat drèl baris Kumpêni | unine dadi sawiyos ||
11. dèn katimang mriyêm ing laji gumlêdhug | têngara gobyar mêlingi | dhêrudhut swaraning tambur | brondongan kang wadya jawi | gamêlan parêng munya ngrok ||
12. Carabalèn Kadhokngorèk ting jalêgur | kêkênthung Mêkasar Bugis | giyak gêrtang jagat umung | kadi mêcahêna kuping | asrang swaraning wong nonton ||
13. sak sirêping têngara kang para sunu | angujung marang rama ji | putra kêkalih rumuwun | Dyan Wăngsataruna nênggih | sak sampunnya pratmaja nom ||
--- 169 ---
33. Sinom
1. gupuh Pangeran Mêdura | nêmbah sumungkêm pada ji | myang Jangrana Kyai Răngga | katiga marêbês mili | gantya kang pra dipati | kumarubut ngoswa suku | kangjêng sri naranata | maha nur narendra luwih | duk sêmana sinuwun arsa parentah ||
2. lir madu manuksmèng raras | trahning pangandika aji | e ya wong kawulaningwang | ngistokêna karsa mami | yayi ing Sampang iki | ingsun paringi jêjuluk | arana Panêmbahan | Cakraningrat anguyuni | wadyaningsun pasisir bang kulon wetan ||
3. kalaywan maning Ki Besan | Yudanêgara sun alih | aran Suradimênggala | anganggo nama dipati | laywan ingsun paringi | bumi urut dalan sèwu | padha sira èstokna | ing jênênge Adipati | Suraadimênggala prajèng Sêmarang ||
4. lan Tumênggung Surabaya | ingsun wènèhi wêwangi | wuwuh nganggoa dipatya | Jangrana ing Surawèsthi | tulusa angliwoni | ing wong pasisir sêdarum | kalaywan Si Jêpara | ingsun paringi wêwangi | ajênênga Dipati Sujanapura ||
5. lan iya Si Jawikrama | ing mêngko sun junjung linggih | tunggua Kudus nêgara | sarta jênênge sun alih | Si Arya sun arani | Jayasantika ing Kudus | dene Si Sêstrajaya | sun karya pêpatih mami | ajênênga Si Tumênggung Cakrajaya ||
6. sisiha Si Banyakpatra | Si Banyak ingsun arani | Tumênggung Kartanêgara | wong roro sun kon ngawruhi | sakèh kawula mami | minăngka wêrananingsun | laywan Si Jiwasuta | mêdanani gêdhong kering | sisihane kang têngên Si Onggontaka [Ong...]
--- [170] ---
[...gontaka] ||
7. padha ingsun lihkên aran | Jiwasuta sun arani | Si Tumênggung Citrasoma | Onggontaka sun paringi | siwi roncène bêcik | iya arana tumênggung | iya Si Ăngganala | kang sun tuduh ngêliwoni | sun arani ya Si Răngga Wanèngjiwa ||
8. Si Pandhi kêliwon kiwa | ran Jayawirya Ngêbèi | anadene Krêtiwăngsa | dadi wong jaba bopati | arane sun paringi | Jayasundirga Tumênggung | wêdana numbakanyar | Si Krêtajaya sun alih | ajênênga Kêndhuruwan Wilatikta ||
9. wong sèwu kang dèn rèhêna | Pranayuda sun paringi | jênêng Arya Măndhalika | Gêrobogan dèn lungguhi | nêgara ing Garêsik | Si Nalasuta sun tuduh | Tumênggung Naladika | iku jênêngi mantêsi | lan Si Garèng palungguha ing Banyumas ||
10. Tumênggung Suradipura | iku jênênge abêcik | lan adhine Si Jangrana | têlu pisan ingsun ambil | ingsun karya bupati | panêkaring surèngkewuh | anadene kang tuwa | Si Ranadirja sun alih | ajênênga Ariya Jayapuspita ||
11. sun gêmpalkên Surabaya | wong sèwu dadi lêlinggih | lan Si Panji Kartayuda | têtêpa arane lami | Kartayuda Apanji | lan Si Suradirja iku | Apanji Surèngrana | ing Lamongan dèn karoni | laywan maning sutèng ulun ing Mêdura ||
12. kang tuwa laywan panênggak | padha sun paringi linggih | ing Balega Pêkacangan | padha sun wèhi kêkasih | kang tuwa angyogyani | arana radèn tumênggung | iya Sasradiningrat | kang anom ingsun paringi | jênêng Radèn Tumênggung Suradiningrat ||
--- 171 ---
13. laywan Si Tirtawijaya | lungguha nêgara Pathi | ran Tumênggung Tirtanata | iku jênêng nunggaksêmi | Si Badrayuda Têgil | ingsun parokake iku | aran Rêksanêgara | Si Sêcaguna nisihi | ajênênga Tumênggung Wiranêgara ||
14. lan iya Si Wăngsaprana | ingsun paringi wêwangi | Si Răngga Adimênggala | Kaliwungu dèn lungguhi | purna jinunjung linggih | kapêdhak gamêl pêmayung | ngampil lan upacara | miwah wong magang pasisir | pinrayoga wus samya dadi punggawa ||
15. anolya[28] kang panakawan | sinilih ingkang priyogi | saha kinulawisuda | Gus Kênthi nama Ngabèi | Kartijaya palinggih | nagri dalêm Cêngkalsèwu | Gus Subah sinung nama | Wirasantika Ngabèi | Bagus Koplo Angabèi Kartayuda ||
16. wontêndene Bagus Sudar | Kartawirya Angêbèi | Gus Bawa Ngêbèi Wira- | tanu punika kang nami | rinakit kanan kering | mantri kêparak puniku | amung wêdananira | sang nata dèrèng akardi | wontên kocap arine ki adipatya ||
17. Suradimênggala pêjah | Ki Martayuda kang nami | katur marang sri narendra | anake pinundhut nuli | mapan sagêd nênulis | sêmangkenira sinambut | dadi carik dalêman | ya Martayuda kang nami | langkung rakêt tansah kinanthi ing nata ||
34. Kinanthi
1. anulya kang para sunu | sêdaya sinung wêwangi | Dyan Wăngsatruna anama | Kangjêng Pangeran Dipati | Anom Amangkunêgara | kang sudigbya narpasiwi ||
2. Maha Narendra Matarum | ginadhang sumilih
--- [172] ---
aji | kang rayi Radèn Sêsăngka | namane dipun paringi | Pangran Dipati Purbaya | sami mawi adipati ||
3. sabtunggil[29] ibu jêng ratu | Radèn Sudama kêkasih | Pangran Dipati Balitar | Dyan Martataruna nami | sira Pangran Dipasănta | Dyan Ăntawirya wêwangi ||
4. Pangran Prangwadana mungsuh | Dyan Dipataruna kasih | Pangeran Dipanêgara | Patih Sampang anyênyami | nuli jinabud kang nama | pra putra rasika wrêsni ||
5. wigarsa kongas rum-arum | aluwaran sri bupati | panêmbahan aparentah | maring bupati pasisir | ingkang padha dadi anyar | hèh Tumênggung ing Têtêgil ||
6. karone muliha gupuh | rêbutên lungguhmu Têgil | padha ngêlara jajahan | wong Kartasura kang baris | ing Banyumas angkatana | apa walêsmu ing gusti ||
7. jinunjung dadi tumênggung | wêdia rêrêmpon jurit | yèn kalah sak timbangira | mêsthi padha sun lunasi | yèn unggul mingêra ngetan | tapisên kabèh pasisir ||
8. Nănggasêtya awotsantun | Bupa Têgal kêkalih |[30] binêktan Lutnan Walănda | Mangran Jayisman nindhihi | gya badhol kang mring Têtêgal | ingkang mring Dêmak pinanci ||
9. van dêr Vol kapitanipun | angirid bala Kumpêni | kanthi Sampang Surabaya | wong Surapringga têtindhih | sira Panji Surèngrana | sèwu sikêping ajurit ||
10. Jangpati laywan Jangkewuh | putra Madura têtindhih | Rahadèn Suradiningrat | ambêkta sèwu prajurit | pan wus tinandhing tinimbang | bobote kang dèn lurugi ||
11. kang mring Dêmak budhal sampun | van dêr Vol wadya Kumpêni | anabrang margèng
--- 173 ---
lautan | wong Sampang lan Surawèsthi | ingkang sami mêdal dharat | dene kang badhe anggitik ||
12. ing Tugu lan Kaliwungu | puniku dèn santosani | Wêlănda Kapitan Gusman | ngirid drugundur ti-ati | Mêdura putra kang tuwa | Dyan Sasradiningrat tindhih ||
13. Surapringga kadang sêpuh | wantêr tur pratamèng wèri | Ki Arya Jayapuspita | nyèwu prajurit kinaci | tanglêdira panêmbahan | wong Kêdhu kang dèn saosi ||
14. titir pangrurahing satru | Mangkuyuda lan kang rayi | Ki Tumênggung Natayuda | pratama ngadu wong cilik | balèg pamulanging yuda | bandhu sêntana tur bumi ||
15. panêmbahan ngandika sru | dèn padha kang ngati-ati | mungsuh wong bumi Bumija | iku jêndhuling nêgari | dene kang baris Ngungaran | asu Cina tan pêrduli ||
16. si lamcuk ciwai besuk | mundhuk-mundhuk mikul tingting | endah apa sêngkan anyar | mung yèn ana jro nêgari | kaya angukira jaman | sok mêdèni bocah cilik ||
17. rêrêmbugan rubung-rubung | kumadi adakik-dakik | ngrêmbug ingrêring nêgara | yêktine ingrêring picis | bisane mung kêkewalan | ing don tan payu sêdhuwit ||
18. kang putra nêmbah wus mundur | têngara budhal kang baris | pyuhning rok digdayanira | kasêktèn lyan tan kaèksi | mangănta madyaning rona | tan nêdya mundur ing jurit ||
35. Durma
1. dan warnanên prawira ing Kartasura | kang samya anuguri | nêgari ing Dêmak | gêdhug Mandurarêja | Wirawăngsa wus miyarsi | myang Wirasastra | yyan mungsuhira prapti ||
2. Sampang Surabaya myang wadya Wêlănda [Wê...]
--- [174] ---
[...lănda] | pangiriding prajurit | Apanji Lamongan | tênaya ing Mêdura | Suradiningrat têtindhih | van dêr Vol mêntas | tumamèng ing nêgari ||
3. wadyèng Dêmak ing alun-alun sumahab | ngajangi wong Kumpêni | saha bala Karta- | sura nangsuh wong Sampang | kalaywan wong Surawèsthi | tandya sanega | sumunggut tata baris ||
4. Ki Mandurarêja mrêkama wêcana | bêgja pakon nêrpati | ywan mantri prameya | mapag Cakraningratma | murdane kiras ing jurit | lintang nugraha | sumêngka mah bupati ||
5. awrituwin[31] têndhase Si Surèngrana | sang ingujaran srênggi | wangwang anggrêjita[32] | muja-muja santika | hereka wirèng Kumpêni | têkap anglanggar | kutha lampah dèn rakit ||
6. kawêspadan wong Dêmak têngara ngrêjah | têtêg gobyar tinitir | Wêlănda ningkah glar | arda cakra lumbungan | dyaja tamburnya madyani | alafèrès ngarsa |[33] sarean ngapit-apit ||
7. kapitane nèng wuri ngabani mangsah | parêng têmpuhing jurit | surak sawur asrang | pangêdrèling Wêlănda | wong Dêmak ginrujug mimis | nora kastawa | wus malêdug kèh mati ||
8. baris Kartasura nèng kiduling kutha | ayun-ayunan jurit | lan wirèng Mêdura | tanapi Surapringga | Panji Lamongan ngabani | prajuritira | kalaganjur munya tri ||
9. ting jalêgur carabalèning Mêdura | prajuritnya sinimping | ingkang munggèng ngarsa | atap prasamya dharat | sumbaga samya dhêng gilig | sondhèr rangrangan | onclang lawung ambêkik ||
10. nangling makras sira Panji Surèngrana | hèh-hèh wong Surawèsthi | myang sanak Mêdura | aja na bêdhil padha | yèn durung akasok gadhi | wong Kartasura | tunjangên aja wêdi ||
--- 175 ---
11. yèn jagoa tangkêpe wong Kartasura | tarunge bêlenjani | bêcik yèn jinajal | amung akakurungan | bêkar-bêkèr ngêndhèrèki | kluruke bungkak | nèng don kari nyepaki ||
12. dan gumulung wadya Sampang Surabaya | lir gandarwa non daging | samya nglandhak watang | tadhah wong Kartasura | kumrug drèl jadmaga riris | wong Sampang mamah | cucuh mangidak wani ||
13. kan mangsah Ki Tumênggung Mandurarêja | maya sru bala srênggi | lèn Ki Wirasêstra | nangsah mara kumênthang | Wirawăngsa angulithir | smu jrih kangelan | Mandurarêja runtik ||
14. prayitna kyat prawira Pakubuwanan | Surèngrana Apanji | wruh Mandurarêja | sigra buwang rasukan | nyampinge limar winingkis | udhêng gilignya | kinancing laywan suri ||
15. pasêmone lir Sang Wirathatênaya | dumilah ngilat thathit | pêdhange dèn ikal | tangmèngira[34] kiniwa | wongira sabayèng gati[35] | kagila-gila | cucuh mangilês wani ||
16. hereka Dyan Tumênggung Suradiningrat | cawêt sondhère mirir | sarwi gigit waja | jumangkah ngirab keswa | sarwi rawise pinuntir | waos bêtuwah | mêntul-mêntul pinusthi ||
17. anrêg wadya wong Sampang wuru ing yuda | tan kandhêg dèn bêdhili | andrês maulêkan | udan hru tawok panah | busur brêngkolang myang lêmbing | wadya Mêdura | berag lir dèn sindhèni ||
18. tan awingwrin lungiding bajra mukswala | mawantah ing ajurit | prawira Mêdura | miwah wong Surabaya | wanine dudu suwadi | tan darbe maras | ywan pinupus lir ringgit ||
19. wadya Kartasura mrih ngirup tan bisa | Panji Surèngrananjrit | hèh Mandurarêja | dipanggah
--- [176] ---
ja ngucira | olèh tandhing padha bêcik | rok bitutama | ngadu wulêding kulit ||
20. gênti mèsêm sira andêling narendra | ingsun kadang dipati | lah payo gêmpala | nêgara Surapringga | ringong wus duwe nêrpati | paran wêdia | mungsuh lan sira anjing ||
21. dhimin sira duk anèng ing Kartasura | êmèh ingsun tandangi | ratumu udhunna | patihmu wêtokêna | sun cukure pêdhang mami | sok gêmpal sawah | sira sêpisan iki ||
22. sida dhasmu ingsun kêramasi tangan | srobah cucuh nrêg dasih | rêmpêg pênunjangnya | akèh ngunus curiga | kanggêk mundur giras mungging | kadohan kawas | Mandurarêja kitir ||
23. mulat krudhanira wong Pakubuwanan | rowangnya akèh mati | bubrah kambuh-kambah | drah sirnaning samara | wong Kartasura wus gusis | Mandurarêja | ngingêr kuda malêncing ||
24. sirna larut gêgaman ing Kartasura | bêdhah Dêmak nêgari | lawang ro karêngya | nunggil sêngkalanira |[36] kala sinuwun Sêmawis | madêg Narendra | kang kaplayu ing jurit ||
25. kawus nunjang-nunjang prapta ing Gagatan | wong Dêmak punggawa tri | Suranata Marta- | nêgara Padmanagra | lan Mandurarêja nunggil | kèndêl Gagatan | nahan kang mênang jurit ||
26. wirèng Pakubuwanan ngêbroki kutha | miwah bala Kumpêni | kula lit ing Dêmak | suyud atur pisêgah | wus rêmbag bubar nilari | mantri kewala | Ngadilangu sêmangkin ||
27. Pangran Răngga mawênês aprêdangdanan | seba marang Sêmawis | katrima ing nata | pinaro Ngadilêngka | Pangran Răngga Pangran Wujil | nging Pangran Răngga | lênggahira kawuri ||
36. Pangkur
1. nahanira ta kawarna |
--- 177 ---
kang anglurug mêcah ing Lèpèntangi | gêgaman prapta ing Tugu | hereka Mangkuyuda | ningkah gêlar dirgama rungsit mapêngkuh | wong Kêdhu jêjêl sap-sapan | ingkang rayi anisihi ||
2. Ki Tumênggung Natayuda | prawirandêl wanine nunggal ati | prawara kadang masukup | dhadha Pangran Balitar | wirèng Pakubuwanan ngêndhêng ngêndhanu | prajurit ing Surabaya | kang ngarêpake wong bumi ||
3. wong Sampang lan wong Bumija | dhadha Pangran Blitar laywan Kumpêni | karwa lèn tatya nrang kewuh | tan ngantèni têngara | pyuk macampuh Wêlănda ngêdrèl lir guntur | limêng mukswaning kacika | wong Mangkuratan nadhahi ||
4. Ki Tumênggung Mangkuyuda | têtêg tatag ngêdhangkrang dèn payungi | wong Surapringga anêmpuh | budine kêtadhahan | pan kêtanggor padha pêpukuling ratu | sama sudira ing rana | wira sama surèngpati ||
5. srêg-sinrêg nora kuciwa | kêpyaking kang watang makasok godhi | udrêg godrag silih suduk | wira wuru rudira | ingkang mati kapilês nora dèn etung | yeka Sang Maduratmaja | umangsah singanêbdanjrit ||
6. tang lèn Arya Japuspita | dik sarosa nirang tandanging jurit | Madura bala krura muk | nir tang mangeka baya | Mangkuyuda maditya prawara nangsuh | sulung-sulung nora kêntas | ngwuri rêbut mangêmbuli ||
7. kawêwês wong Kêdhu nglingkab | nora tawar kinracak angunduri | mênggah mênggalaning Kêdhu | Mangkuyuda sra pêksa | datan mingkêd kawijayan ki tumênggung | macadhang bala wrin gila | ingkang wêdi sura maning ||
8. mangkin aparêk umangsah | Japuspita
--- [178] ---
sêsumbare mêlingi | hèh-hèh mundura wong Kêdhu | sira nora tumama | mungsuh mring wong Surabaya kari alus | andêling Kêdhu kabangan | mangaran Ki Sarapati ||
9. tandanga mahsa akantar | sang pinurih menggung bala padha mrih | parêng pyuk tandya gumuruh | Sarapati manyangkrah | kèh kawênang wirayudèng surèngkewuh | juga manglih pinarbutan | sawitning wus ambêk pati ||
10. ya ta ri pêjah dènira | kinêracok lir wigra Sarapati | rinampog ing alun-alun | masrang tumimbal-timbal | Mangkuyuda sumênging jaja manglatu | yeka swara manrêg bala | ramês suranira kalih ||
11. ngambah têkèng suh mabyungan | sru ruara prêkatha silih usir | lir gora gêlap wor jawuh | Arya Jayapuspita | mulat Mangkuyuda tyase lir ginêrus | angliga tanpa rasukan | kinancing kang udhêng gilig ||
12. mingkis Lumajang sêmboja | ngikal pêdhang tamèngira kinering | lir andaga sêmunipun | Radèn Sasradiningrat | parêng mangsah lir Bimaputra dinulu | waose dèn êmbat-êmbat | mêntul lir pranida gusthi ||
13. Kumpêni dinèkèk wuntat | asru prayitna kapitan ngidêri | dur netya mangangkên diyu | wong Sampang Surabaya | cucuh bae wong Mangkuratan tyas jêmur | datan riwêg ngêmbulana | Mangkuyuda tiyasa mrih ||
14. wangwang amusthi gorastra | umarah-arah ring kang liwat luwih | sang antên nusul masayut | bêk pandhita sinung trang | Natayuda waskitha ingêring wahyu | ring jagat digjaya raja | ngalih sang murwèng Sêmawis ||
15. mandrês mangsèng ngiring kaka | dhuh suwawi kakang murud ing jurit | lêbu api ngong tan rêmbug | anak putu pundi gyan |
--- 179 ---
karsaning Ywang mratelani ring pandulu | kawawas mungsuh tan jalma | kaya nguntala wong urip ||
16. Ki Tumênggung Mangkuyuda | duk rumêngêng pamulare sang ari | oncat ngingêr kudanipun | dene Pangran Balitar | pêlayune pan wus gêndring wau-wau | bagna luyut asasaran | mungsuhnya anglud mangungsir ||
17. mabrungan wahana wasa | praptèng Kaliwungu gantya kawarni | kang abaris Têgalarum | ginitik sampun dhadhal | mring Tumênggung Têgal kadwinya mapêngkuh | têtêping rana panyipta | mêmangsuli sihing gusti ||
18. Banyakwidhe nunjang-nunjang | mingêr ngetan barise wadyèng Têgil | sarta ngadhol ambêbujung | wong kang kenas ing rana | Banyakwidhe nêdya ngungsi Kaliwungu | ing Kaliwungu wus bêdhah | kabrokan wirèng Sêmawis ||
19. gap-gapan mring Kêdhu samya | Kyai Răngga Adimênggala pan wis | pinacak ing Kaliwungu | dirèng Sasradiningrat | Ki Ngabèi Wăngga Kêndhal nungkul amung | Nitiyuda Pêkalongan | Madurêtna Batang sami ||
20. kumpulan kang kalah yuda | sêdya ngungsi biting Ungaran sami | Janingrat ingayun-ayun | pantês mêmalês ing prang | wong bèr dunya sumêkta kêkasih ngratu | mangkya kang samya mênang prang | mantuk dhumatêng Sêmawis ||
21. dadya baris kulon wetan | ngumpul anèng Ungaran dadi siji | katur mring Sunan Mas ngungun | angatag pêpatihnya | Sumabrata kinèn mêtoni ngapupuh | ngirid wong măncanêgara | mangkat baris Kalicacing ||
22. kang kantun ing Kartasura | wêdana jro lan pra sêntana sami | kang atêngga ing sang prabu | ubêk amêkajangan | baris tugur supênuh ing alun-alun | wong sikêp anambut [a...]
--- [180] ---
[...nambut] karya | ing Ngasêm kang dèn barisi ||
23. sêmana Prabu Mêngkurat | mung kang paman Pangran Arya Mêtawis | kang pinêndhêt galihipun | pinasrahan ing karya | putranira pangeran pinundhut mantu | nama Dyan Suryataruna | ginanjar Dèn Ajêng Sasi ||
24. rinêngga sinungan nama | Radèn Suryadiningrat langkung mukti | pinutra sinawung-sawung | Pangran Arya Mataram | kinèn tugur abaris anèng ing Ngambuh | gantya ingkang kawuwusa | kang nèng Ungaran abaris ||
25. Ki Tumênggung Jayaningrat | langkung sêdhih de baris kanan kering | ulêng-ulêngan ngalumpuk | kawar-kawur kang manah | lan wartane ting saruwêng kèh karungu | prajurit Pakubuwanan | bisa mabur tan kaèksi ||
26. witning tênaya Mêdura | atanapi kadang tri Surawèsthi | bisa prang cidra ing dalu | pindha mangendrajala | bêthot gulu tanpa sangkan jlog sing luhur | umuke Atmral Safilman | bisa nyukur wong lan mimis ||
27. kulite nora kêparas | sak sênênge bisa marentah mimis | myang Kumpêni Islam iku | dhaèng krêraèngira[37] | yèn mêkanjar bisa malêncut sabêdhug | tinumbak-tumbak tan kêna | dupi anjlog amêdhangi ||
28. myang wong pasisir anggêpnya | singa-singa magang anuli dadi | nir pratali sêtyanipun | Janingrat mring narendra | duk sêmana arine ingkang ingutus | Ki Dêmang Pusparudita | mring Sêmarang atur brangti ||
37. Asmarandana
1. pan sarwi ambêkta tulis | Ki Dêmang Pusparudita | dhêdhêmitan ing lampahe | ing marga tan kawarnaa | prapta nagri Sêmarang | pamugari kang jinujug | Panêmbahan Cakraningrat ||
2. sêrat wus dèn tupiksani | gumujêng atukup waja | sigra mring pasowan [pa...]
--- 181 ---
[...sowan] age | canthèl atur Cakrajaya | anulya ingandikan | Dipati Jangrana tumut | katri Dipati Sêmarang ||
3. Panêmbahan awotsari | sinuwun atur uninga | ing paduka jêng sang katong | yèn mangke pun Jayaningrat | kang baris ing Ungaran | atur pêjah gêsangipun | anungkul ing padukendra ||
4. nanging kang dèn suwun gusti | bilih nala dalêm lêga | kagêngan dalêm sang katong | padhusunan ing Bahrawa | măngka dadosa têdha | arinipun kang ingutus | pun Dêmang Pusparudita ||
5. dene padhange kang margi | sampun kuwatir sang nata | pun Jayaningrat warnine | miwah prajurit Mêkasar | Bugis Cina Binêkta | angabdi dhatêng sang prabu | jêng sunan mèsêm ngandika ||
6. iya ngong tarima yayi | nungkule Si Jayaningrat | nuli timbalana age | praptaa ing ngarsaningwang | dene desa Bahrawa | iku ewuh atiningsun | de wus ngong karya ganjaran ||
7. maring Ki Besan Sêmawis | tanggap wau Ki Dipatya | Suradimênggala ture | luhung gusti pinaringna | dhusun dalêm Bahrawa | tinurut saaturipun | pun Tumênggung Jayaningrat ||
8. malar ta dadosa kanthi | sampun ngrêrubêdi marga | pan kawula têlungane | barkah dalêm sampun kathah | sok ugi lêstantuna | ing tindak paduka kondur | ngêdhaton mring Kartasura ||
9. kêpranan tyasira aji | ring ature Ki Dipatya | Sêmarang tambah pitados | ngandika mring panêmbahan | yayi sira tulaka | dutane Janingrat gupuh | panungkule sun tarima ||
10. nuli sebaa ring mami | bitinge dèn bubrahana [bubrah...]
--- [182] ---
[...ana] | punggawa tri awotsinom | sapraptanira ing jaba | mêmêling mring caraka | lan matah ingkang amêthuk | sandine mukul ngayuda ||
11. Sujanapura lumaris | lan Ki Arya Japuspita | putra Mêdura Rahadèn | Tumênggung Sasradiningrat | kang mêntas lagya prapta | ambêdhah ing Kaliwungu | anuli lajêng dinuta ||
12. pan sampun dèn wangsit-wangsit | Ki Dêmang Pusparudita | Panêmbahan bang-êbange | lah warahên kakangira | Si Kacung yèn têmêna | atămpa ganjaran agung | pan nêgara Pêkalongan ||
13. Pusparudita tur bêkti | lèngsèr ing dalu lampahnya | dene kang budhal siyange | Dipati Sujanapura | lan Sampang Surabaya | lampahe kadya anglurug | ing Srêrondhol[38] sampun prapta ||
14. Pusparudita winarni | sarêng byar prapta Ngungaran | wus kêpanggih lan kakange | katur solahing dinuta | purwa praptèng wusana | sakalangkung bungahipun | Tumênggung Panji Jayèngrat ||
15. kêsaru utusan prapti | baris pênganjur tur wikan | kang atugur Pudhaksongsong | yèn mêngsah Sêmawis prapta | nèng Sêrondhol barisnya | dene senapatinipun | Dipati Sujanapura ||
16. nulya Janingrat ngundhangi | mring sagung rerehanira | iku si wong Jawa bae | kalamun padha wong Jawa | bêbiting apa guna | bubrahêk[39] bêbiting gupuh | ingsun mêtoni ngayuda ||
17. wonge sabrang wus winangsit | Mêkasar Bugis lan Cina | tigang atus ing cacahe | ki tumênggung sigra budhal | hèh wong Jawa kariya | dening sun amagut mungsuh | wong têlung atus kewala ||
18. biting sampun dèn bubrahi | ki tumênggung ing lampahira [lampahi...]
--- 183 ---
[...ra] |[40] majêng maring Pudhaksongsong | prapta lajêng pêparentah | maring wong gawong kalang | pamajêgan tuwaburu | kinèn bubrah bitingira ||
19. parentahira anunggil | kadya wau nèng Ungaran | padha Jawa tanpa gawe | bitingan nuli binubrah | Janingrat gurawalan | laywan wonge têlung atus | para mantri datan nyana ||
20. pêngrasane prang sayêkti | sêdhêng wantêr kinasihan | tan wruh atine ngêlathok[41] | sampun lêpas lampahira | Tumênggung Jayaningrat | wus cundhuk laywan kang mêthuk | Dipati Sujanapura ||
21. anulya lajêng dèn irid | mring Dipati Janapura | wangsul mring Sêmarang malèh | ambêkta Ki Jayaningrat | wongira ngungun mulat | dene senapatinipun | wus awor kalawan mêngsah ||
22. wong Mêdura Surawèsthi | apan lajêng lampahira | amukul ing Pudhaksongsong | rerehane Jayaningrat | para mantri prameya | kang abaris Pudhakpayung | malêdug asalang tunjang ||
23. ingungsir lumayu ngungsi | kang abaris ing Ungaran | sampun miyarsa wartane | lamun senapatinira | Tumênggung Jayaningrat | jêrunthul milu mring mungsuh | bubar kang baris Ngungaran ||
24. angungsi ing Kalicacing | Kyana Patih Sumabrata | ngungun têbah jaja jêngèk | miyarsa titikanira | Tumênggung Jayaningrat | nahan ya ta kang lumaku | Dipati Sujanapura ||
25. lampahe praptèng Sêmawis | wus tundhuk lan panêmbahan | sampun katur bongkokane | waos kalawan sênjata | dadya pitung gotongan | wus lajêng binêkta gupuh | sumiwi ing sri narendra ||
26. laywan sagung pra dipati | samya asaos sêdaya | maswèng ngabyantara
--- [184] ---
katong | angirid sang lagya prapta | Tumênggung Jayaningrat | kèn ngujunga sèlèh dhuwung | mangaras padaning nata ||
27. angandika sri bupati | bageya Ki Jayaningrat | kêtêr-kumêtêr wotsinom | ngandika malih narendra | hèh yayi mas Mêdura | Si Jayaningrat pun junjung | ngong ganjar ing Pêkalongan ||
28. wus mufakat angênggyani | nêgara ing Pêkalongan | sumuyud pan wus sugih wong | Janingrat madêg barisnya | mring Kêdhu arêpira | nahanira Ki Tumênggung | Natayuda Mangkuyuda ||
29. sak kasorira ajurit | tan arsa ngumpul Ngungaran | kalangkung wiyang manahe | arsa nungkul durung tahan | mangkya angsal dhadhakan | Ki Jayaningrat kang jêrum | tatkalayar wus patêmyan ||
30. anèng nagri Lèpèntangi | Janingrat lan Mangkuyuda | punapadene arine | Ki Tumênggung Natayuda | wus tamtu panungkulnya | Janingrat tur surat sampun | anduta mring Panêmbahan ||
31. êntyarsa katrima sami | ingkang sarta tinimbalan | prawara katri wus badhol | seba mring nagri Sêmarang | tumamèng panêmbahan | kawur marang kang sinuwun | mapan sampun ingandikan ||
32. kalih prasamya tilar kris | manguswa pada narendra | kang sinuwun ngandika lon | Mangkuyuda Natayuda | padha sira bagea | praptamu ing ngarsaningsun | karo lir konjêm pratala ||
33. sang nata ngandika malih | sira ngawula maringwang | aja sira pae-pae | lan kakang prabu kang swarga | gonmu nglakoni karya | kalih samya nuwun-nuwu[42] | datan sagêd mangsulana ||
34. sêdaya wus kinèn miji | mring kuwune panêmbahan | dadya atur bêkti karo | Mangkuyuda [Mangku...]
--- 185 ---
[...yuda] Natayuda | langkung pangrêsêpira | ngling panêmbahan dhuh kacung | karone sun arsa-arsa ||
35. kumpule marang Sêmawis | awêl dadi mungsuh padha | wong akas dhangan ing gawe | Mangkuyuda Natayuda | malih samya tur sêmbah | pan sarwi pinaring dhuwung | crapang Arjunawijaya ||
36. sawusira kinèn bukti | panêmbahan angandika | karo sun tuduh ing gawe | abarisa ing Ungaran | tunggal lan arinira | Si Sasradiningrat kacung | tuwin Si Jayapuspita ||
37. sira kang sun pitayani | kacung dadi senapatya | arinira sayogane | sira kang among sak baya | ywa sira obah-obah | yèn tan ana pakon ingsun | sang kinon kalih tur sêmbah ||
38. budhal kinanthenan mantri | pun Dêmang Lindhusêgara | kang badhe mrêcayakake | mring Radèn Sasradiningrat | nahan praptèng Ungaran | wus anunggil sabayantu | wong Kêdhu lan wong Mêdura ||
39. kang abaris Kalicacing | Kyai Patih Sumabrata | wus atur uningèng katong | Mas Pêngalasan dinuta | panakawaning nata | timur mila kalawau | binêktakkên Jayaningrat ||
40. kinarya tingal nêrpati | duk balik Ki Jayaningrat | pan arsa dèn yêktosake | mila nunggil kyai patya | mangkya tita têtela | sisan ki patih kang ngutus | wus prapta ing Kartasura ||
41. lajêng tumamèng jro puri | wus katur sak solahira | purwa madya wusanane | yèn balik Ki Jayaningrat | lajêng jinunjung lênggah | mawi dipati ranipun | pilungguh ing Pêkalongan ||
42. arine dadya bupati | pinaring [pi...]
--- [186] ---
[...naring] nêgari Batang | Pusparudita namane | Tumênggung Puspanêgara | miwah pun Mangkuyuda | lan Natayuda wus nungkul | kinarya pêngajuring prang ||
43. ing Ungaran dènnya baris | kanthi Sampang Surapringga | têtiyang Kêdhu sêmangke | sêdaya pan salin gagrag | sagêd cara Mêdura | ngangge udhêng gilig wungu | langkung mijilakên sura ||
38. Mijil
1. tan kêna ngling sidhakêp sang aji | tyasira gêrawong[43] | dene wadya tan odhil yudane | pra dipati akathah kang bali | klangkung arda kingkin | sira sang aprabu ||
2. ingkang paman sampun dèn bantoni | kang baris ing Ngamboh | kalang gawong lagya prapta kinèn | wus lumampah tuwaburu sami | kêparak abaris | ing Ngasêm atugur ||
3. wêdanane kang rumêksèng biting | mantrinira kinon | wira-wiri pêcalang karyane | maring Ngambuh maring Kalicacing | wong praja kèh ngili | sampun sangêt kuwur ||
4. tan winuni kang lagya prihatin | kawarna sang katong | ing Sêmarang kang wus amêngku rèh | aprêtăndha mrih suraning dasih | nuku siyang latri | bojana wadya gung ||
5. lir sinêkar nêgari Sêmawis | ing kusuma sinom | sri narendra wus angadêgake | pawatangan Sêptu amiyosi | wiragyèng syandani | pênuh ngalun-alun ||
6. pra bupati anyar-anyar sami | wus padha sugih wong | kadya laron cinilung[44] pamane | pra punggawa kêtêb kang angiring | upacara ngawin | panakawan ngayun ||
7. sabên bubar watang animbali | ăndrawina katong | pra dipati ingandikan kabèh | pan ing dalu bêbêdhayan sami | anatas sawêngi | bubaripun esuk ||
8. Tumênggung Dêmak ingkang winarni | nagrinya duk kawon | anèng [a...]
--- 187 ---
[...nèng] Gagatan lumayu wong akèh |[45] mangkya wong Kartasura anunggil | baris Kalicacing | anyimpang tan mèlu ||
9. anêdya mring Sêmarang wus prapti | nungkul ing sang katong | wus katrima ing pangabêktine | saha tinêtêpakên palinggih | ing Dêmak nêgari | tulus pinra têlu ||
10. êntyarja kang rawe-rawe titis | kang amalang pêdhot | wong pasisir radin sêdayane | datan ana kang malang sawiji | ing têngahan tuwin | Bagêlèn myang Kêdhu ||
11. ya ta mangkya kawuwusa malih | kasukan sang katong | munggèng pasanggrahan kang wadyandhèr | saha garwa kang para dipati | tuwin para mantri | supênuh ing ngayun ||
12. para putra atap munggèng ngarsi | ngrêrangin ponang gong | wong pasisir saos bêdhayane | Dèn Ayu Panêmbahan angirid | niyaka Kumpêni | atmral lan kumêndur ||
13. atanapi tuwan komasaris | kapitan lan mayor | bêbanjêngan nèng kering sang rajèng | panêmbahan kang wiwit angrangin | pan wus sêpuh mêksih | bêksanipun gambuh ||
14. kangjêng pangran dipati nisihi | pyayi dhongoh sengoh | akampuh sêkar têlêng cinitrèng | lancingan cindhe jêlamprang abrit | sêkar niyaka sri | kongas rinêmbuyut ||
15. sanetyasmu lèmèrên ing èstri | sêkaring rat babo | sang putra wisesa trus bêksane | samaning priya tyasnya kairis | maragasi liring | sang mahraja sunu ||
16. gantya-gantya pra putra bupati | wênèh bêksa sador[46] | sak sênênge ana bêksa tamèng | sak kèndêlira gantya ngêploki | ing bêdhaya sami | kang para tumênggung ||
17. wisaning langên pundhutan mijil | kang meja sumaos | kêmbulan Kumpêni gêdhe-gêdhe | sêlamêtan
--- [188] ---
urmat wanti-wanti | lorodan anggili | mring niyaka sunu ||
18. mêngkana kang cinaritèng tulis | sagung dyah nênonton | wontên ingkang kaprênah mantune | dening Ki Dipati ing Sêmawis | ingkang jalu nênggih | kaponakanipun ||
19. Ngabèi Martayuda kang nami | pinundhut sang katong | pan kinarya carik pakaryane | sakalanira sri narapati | dèrèng gadhah carik | puniku tinuduh ||
20. darbe somah ayu rungih kuning | sangking Gêbanganom | apan lagya kalih atmajane | tan kêlar nyandhang rasaning ati | asmara putra ji | kang binagus-bagus ||
21. datan liyan Pangeran Dipati | Mêngkunêgara Nom | juwêt mulat linanggatan sire | malah kacatur wus urup rêsmi | grêgêtên ing galih | binonjèng dyah ayu ||
22. nanging mangke koncatan ing liring | dènnya kèh pakewoh | kasêrandu ing wadyang[47] prang rame | mangkya angot kasèbêt ing liring | kambuh umulat ing | sang bêksa duk nayub ||
23. ingkang kinarya dhadhaning nyilib | nênggih lanang wadon | bapak jarêm pan magêrsarine | kakung kang priya èstri samyèstri | milane pêkolih | ri sêdhêng ing dalu ||
24. ingkang raka Martayuda kêmit | pasanggrahan katong | kang tinilar maharjèng gêlunge | wus ubaya tan cidra dhatêngi | katuju kang kêmit | mantuk dalu-dalu ||
25. wus kacirna[48] ywan pangran dipati | dadya wêdi alok | dhèhèm-dhèhèm jêng pangran wus anglès | malbèng wisma Martayuda runtik | pinala kang èstri | gya tinilar turu ||
26. Bok Martayuda nêdya angungsi | pasanggrahan katong | lumampah biru èrêm srirane | prapta ing jro marêk narèswari | gugup aningali | wau kangjêng ratu ||
--- 189 ---
27. dinangu matur miruda rêsmi | lan kang putra cêlor | kangjêng ratu matur ing sang rajèng | langkung ngungun wau sri bupati | angrênggani adil | panjênêngan ngratu ||
28. Panêmbahan gupuh dèn timbali | sampun prapta ing jro | kangjêng suhunan pangandikane | yayi mas mulane ngong timbali | anakmu dipati | culika ing laku ||
29. miruda laywan Martayudèstri | nglingsêmi maringong | ingsun pasrah yayi ing dhèwèke | khukumêna putranta dèn aglis | măngsa bodho yayi | ngong lila sak tuhu ||
30. Panêmbahan nêmbah matur aris | sinuwun dèn alon | punika pan gampil masalahe | sawêg wontên pangabêning iblis | mila supe dening | setan kang angadu ||
31. ingapuntên sapisan puniki | inggih sampun ngantos | kêpanjang misuwur ing liyane | Panêmbahan utusan mèt picis | sèwu sampun prapti | katur ing sang prabu ||
32. Panêmbahan nêmbah matur aris | patikbra sang katong | kang jalêr tinimbalan yagine[49] | kaparingan yatra ingkang sarwi | kapundhuta ugi | pangapuntênipun ||
33. emuta yèn panggodhaning iblis | jalwèstri dumados | pan dumadak agampil kalihe | duk miyarsa lêga sri bupati | Panêmbahan nuli | malih awotsantun ||
34. dene jêng anggèr pangran dipati | kajêngipun kapok | sawêtawis dinukan yogine | langkung panuju sri narapati | anakira aglis | undangên pondhokmu ||
35. sang kinon wotsêkar nulya mijil | tandya sang akatong | Martayuda ingandikan age | kang tinimbalan anulya [a...]
--- [190] ---
[...nulya] prapti | ing ngabyantara ji | ngandika sang prabu ||
36. kulup ingsun amiyarsa warti | yèn rabimu mirong | adhimu si dipati rowange | mujadahmu kulup dèn tarêtib | apuranên ugi | nyawa sadulurmu ||
37. kawruhana pêngaduning iblis | dadine mêngkono | lali marang kadang sadulure | Martayuda matur mrêbês mili | tan rumaos gusti | salah ing pandulu ||
38. kang sinuwun angandika malih | rabia sutèngong | iki ana dyah ayu warnane | trahning priyayi sing Pranaragi | prabeyane iki | kulup reyal sèwu ||
39. dene rabinira ingkang purik | kulup pikir ingong | apuranên sakèhe dosane | luwih utama ngapura sisip | ing sawuri-wuri | gêdhe tobatipun ||
40. kagunturan ing sêbda nrang gêndhis | saya ngondhok-ondhok | jêng ratu ngarih-arih rabine | wiyang ing tyas nging kapêksa ajrih | wus mêdal sarimbit | reyal sèwu sinung ||
41. panakawan kang ambêkta picis | wus prapta pakuwon | Martayuda dhêlêg-dhêlêg bae | sarta rabine dipun sungkêmi | gantya kang winuni | pangeran kang wuyung ||
39. Asmarandana
1. sêmana pangran dipati | dèn aturi Panêmbahan | Dyan Suradiningrat kinon | wus rumaos jêng pangeran | tan wiyang gya lumampah | kangjêng pangeran wus rawuh | pinêthuk mring Panêmbahan ||
2. ngaturan ngiwa kang sêpi | mung Radèn Suradiningrat | kang ngadhêp munggèng pungkure | sinèpsi tur kinêjepan | jurit ampilên enggal | wangkingane bêndaramu | dhuwunge sira ampila ||
3. Dyan Suradiningrat aglis | ngampil dhuwunge pangeran | Panêmbahan lon wuwuse | gèr jêngandika tampia |
--- 191 ---
dêdukane ramanta | pangran dipati tumungkul | inggih sumăngga pun paman ||
4. dêdukanipun kiyai | kang dhawuh sangking pun paman | kawula sumăngga ing rèh | nadyan dhatênga antaka | kawula tan suminggah | aran inggih yêktos luput | măngsa boronga pun paman ||
5. Panêmbahan lingira ris | wau mêkatên timbalan | ki dipati yèn tan kapok | anguciwani maringwang | pênyadhang ingsun gêla | pan akèh sêduluripun | gèr ingkang nanggêl kawula ||
6. dukane ramanta lilih | pan margi sangking pun paman | pangran kumêmbêng waspane | ngandikan srêt mring kang paman | pêdamêlan punapa | yèn botên sagêda mantun | wus kapok kawula paman ||
7. dhuwung ingaturkên malih | Panêmbahan Cakraningrat | têka milu ngondhok-ondhok | kang sarta pamrêdinira | sak rèhning badhe raja | gèr kathaha para sunu | pan amung ingkang sarira ||
8. ingkang kula arsi-arsi | ngisèni yuwananing rat | ginendholan kawulane | maha bala tanah Jawa | anggèr nuntên kondura | kawula tumulya matur | dhatêng rama jêngandika ||
9. sarêng lan kang paman mijil | lajêng kondur jêng pangeran | Nêmbahan marêk mring katong | wus katur sasolahira | kapoke ingkang putra | langkung suka sang aprabu | mêngkana Ki Martayuda ||
10. tamtu dipun tarimani | pinangku mring Panêmbahan | antya pangrêngga-rênggane | wayuh somah Martayuda | Adipati Sêmarang | namun pi tan wruh witipun | dahat gunggung mring parentah ||
11. miwah kang para dipati | tan uning prêkawisira | mung tinarka olèh gawe | Martayuda pêngabdinya [pênga...]
--- [192] ---
[...bdinya] | karane tinariman | rinêngga pinutra tuhu | sangking bangkite Nêmbahan ||
12. amingit prêkara wadi | mêngkana Ki Martayuda | sinung nama ing sang katong | Mas Ngêbèi Sumaningrat | winarga sinêntana | Ki Mangkuyuda winuwus | lan Tumênggung Natayuda ||
13. kang anèng Ungaran baris | atur srat mring Panêmbahan | anênggih surat pawartos | nêgari ing Kartasura | mangkya Sunan Mangkurat | nêdya mopo jron kêdhatun | dene ingkang pinasrahan ||
14. senapatining nêrpati | Pangeran Arya Mataram | darbe bang-bang lum-alume | ingêbang sabin salêksa | nagri ing tanah Jawa | dhêdhak mêrangipun katur | ing mangke pinipil besan ||
15. milane agêng kang galih | sagah lumawan kang raka | abaris wontên ing Ngamboh | nindhihi para sêntana | Sunan Mangkurat Êmas | aputusan mundhut bantu | dhatêng nagri Pasêdhahan ||
16. Surapati tan nyaosi | pan maksih sinanggèng krama | lan mangke karya baluwèr | ing Ngasêm ingkang ajaga | pan wêdana kêparak | nata badhe miyos pupuh | ing Ngasêm arêrêmponan ||
17. kang abaris Lèpèncacing | Sumabrata pra niyaka | panêdyanipun andhekor | arêrêmpon ing ayuda | kirang langkung tan kathah | dêdamêle kawan èwu | ponang duta wus tinulak ||
18. sarta dipun parentahi | timbalane Panêmbahan | kinèn majênga barise | warahên si kacung padha | anuli dèn gitika | musuh ingkang dadi cucuk | kang padha abêbarisan ||
19. ana ing desa Lopait | karêtêg dèn dandanana | angêrigna arahane | sakèhe wong ing Bahrawa | digangsar dèn gêlaka |
--- 193 ---
ing sasi ngarêpe iku | sun bêdhah ing Kartasura ||
20. duta lèngsèr awotsari | sapraptanira Ngungaran | pan sampun dhinawuhake | timbalane Panêmbahan | sigra Ki Mangkuyuda | Natayuda swarèng pupuh | têngara bêndhe angangkang ||
21. kang kinèn gitik dhimini | Ngabèi Mangkudiprana | ing Mangkuyudan andêle | angirid mantri panêkar | mangkat tandya ginêcak | kang anèng Lopait tugur | Singajaya Singapatra ||
22. wong Sumabratan pinilih | duk prapta Mangkudiprana | tan kongsi katêmu ambrol | dèn nyana wadyèng Mêdura | karane nunjang-nunjang | mring Salatiga ngêlumpuk | Ngabèi Mangkudiprana ||
23. sakancane Kêdhu sami | amangun karêtêg Tuntang | ginêlak anuli dados | maju wong Kêdhu barisnya | Nglopait ginêntenan | dening wau Ki Tumênggung | Mangkuyuda Natayuda ||
24. pisah lan wong Surawèsthi | tanapi wadya Mêdura | maksih nèng Ungaran gyane | prawara Kêdhu mardana | nêsêg nèng Pêkeyongan | kunêng kang abaris tugur | kawarna nagri Sêmarang ||
25. anusuli bantu malih | muwuhi pênganjuring prang | Dyan Suradiningrat kinèn | laywan Panji Surèngrana | nyèwu sikêping yuda | Ngungaran pan sampun têmpur | ngêndhêng ngêndhanu mêlatar ||
26. pêpak kadang para siwi | Rahadèn Sasradiningrat | lan Suradiningrat rine | myang Arya Jayapuspita | Apanji Surèngrana | Panji Kartayuda tumut | mêngkana sri maharaja ||
27. Kangjêng Sinuwun Sêmawis | ri sêdhêng miyos sineba | pêpak wadya kuswalandhèr | miwah niyakèng Wêlănda | kang sinuwun ngandika |
--- [194] ---
yayi Sampang karsaningsun | kănca wus padha sumêkta ||
28. besuk ing Rêspati ngarsi | sun nglurug mring Kartasura | Panêmbahan awotsinom | yèn suwawi laywan karsa | kangjêng sri naranata | sampun tumindak anglurug | gusti ecaa kasukan ||
29. wontên nêgari Sêmawis | dene kang nanggulang yuda | anggusah putra sang katong | sampuna dening kawula | lan pun kakang Jangrana | kawula kêrayok[50] purun | kajêngipun kudhandhangan ||
40. Dhandhanggula
1. wijayèng ulun sampun makingkin | patikbra kang nambak tasik bajra | manjilwah jroning kanine | nusup bisana ganjur | tyante sukêt wêrayang mimi | ampang pranging wulusan | ing pundi gèn ripuh | salêm ing udadi mara | satru pada ngungsia lêngkaning bumi | sinuwun datan wiyang ||
2. gusti ywan pun Cakraningrat mêksih | kêdunungan kodrat lan iradat | sênadyan dhatêng ing layon | gutukna jisim ulun | wali-wali kaping sakêthi | ywan basah pinrêtulang | dimèn dadi awu | lêbu pada naradipa | salêbêting pêjah datan surud mamrih | purun satru santika ||
3. abdi pada ing Mêdura sami | ywan maksih kawêngan ngalam dunya | upami mendra ature | sampun manggih rahayu | lêbur luluh anuku pati | ngayalepa ing padan- | irèng kang sinuwun | supados kasaurana | sih paduka kula Sampang mrêma pami | samya mamar mring mêngsah ||
4. tinuntuna kridaning ajurit | sampun paduka sêlarsèng nala | yèn dèrèng lêbur abdine | tingalana sawêgung | lamun suba-suba gyan ngabdi | pamrih amba mring narpa | jiwangga tan ketung | mung kingkin [king...]
--- 195 ---
[...kin] tuwan kacipta | gutukêna bêkarat satru nêrpati | sokur amba punaha ||
5. karyanên tăndha gusti pun patik | yèn dèrèng sirna wadya bang wetan | sampun angraos ingripoh | yèn winèt datan kondur | dhatêng Kartasura jêng gusti | wirang mulat sêsama | dêlap darbe umur | darbea siyung sacarak | Susunan Mas bupatine mangênjali | ulun dhewe nênggulang ||
6. tan sangking goragadha pun patik | cinaning[51] puja bêkti kawula | juga datan arsa rajèng | liya sangking sinuwun | anjalmaa ping pira gusti | satus trah kabdèkêna | nanggèng karya agung | byuha byata sundhul ngwiyat | ulun juga mikul têkên janggut mami | têmah sukua dhadha ||
7. anggarjita prawara bupati | prasamya ngling asaur kukila | lêrês Panêmbahan ture | witning raosing kalbu | datan trêsna liyaning gusti | manah kadi manglinglang | ywan gusti tan tulus | ngrênggani ing Kartasura | gênti waris eman nagri tanah Jawi | rinaton Susunan Mas ||
8. ambêk corah cênthula ing bumi | gêgêdhêg lah ratuning anakal | mung sinuwun prayojane | angglung rat Jawa ayu | sampat sojar kang jatha mantri | mênêng mèsêm narendra | dadya ngandika ru | sanak-sanak sun tarima | panggugungmu[52] ingkang sarta trêsna asih | pan wus lumrah sumrambah ||
9. pêngrasaning wong ingkang kaèksi | cêlaning lyan katon tinitenan | tan uning jiwane dhewe | yèn wong wruh salahipun | pêsthi iku jalma pinilih | lumrah ambêking jalma | anggane ginunggung | tan pêrduli gunaning lyan | yêkti iku nirnakkên susantra minging | laku kang para jana ||
10. tansah anutuh raga pribadi | alane tinulisan winilang [wi...]
--- [196] ---
[...nilang] | rina wêngi datan pêdhot | ywan ambêk kang kadyèku | upamane wrêksa cêndhani | pinrang amalês gănda | sira ngamu-amu | mring anak Prabu Mêngkurat | mung palarên kêkêraning Ywang Kang Luwih | aywa kurang panrima ||
11. padha milu nganggèng ngong panas prih | saparan-paran mayanggèng ringwang | tan pingging alas sukête | wargèngong datan kantun | milwa silêm sêgara gêni | labuh sêbayèng papa | kawiryan tan ketung | myang Cakrajaya sêkănca | satuwukmu kasihan tan wruh ing mukti | tuwuk juga kaswarsa ||
12. ringong datan kuwasa ngarjani | iya sangking cabare wak ingwang | tangèh angenaki tyase | tansah durgama lalu | kang ginawa anglaras ati | kumantil sihe ringwang | tan kongang amangsul | nirnakna lara kasmala | aywa giwang kurang boga laywan guling | pirabara manggwarja ||
13. ywa ngrêsula sinangsayèng urip | pinupus ywan bêgja durung tiba | iya sangking tiwas ingong | lan aja salah sêngguh | lalu-lalu nala amutik | wong kang wirya lan lara | panduming Ywang Agung | rèhning ingsun laywan kita | mangumbara maksih jinurung ing Widi | witning kudu kumêdah ||
14. atirua eyang rama swargi | kastawa sudira wira sănta | praja sêkti susilane | niti măntra murtyèng kung | budya mrêdu praya sêtya sih | ring balatăntra antya | swarjana sêtya nung | loba pamrihing kawula | pustakane anggèngong mung kari iki | wêkasaning lêlakwan ||
15. anak prabu tan surud ing ati | sun ngèngèri tansah risi-rasa | mêngko mêngkene dadine | bratya pasisir tarub | tanah Jawa mrêgil ing mami | purwa ngiring kaswarsa | ing Sampang riningsun | yayi mas tanpalih [ta...]
--- 197 ---
[...npalih] bêgja | mati urip parêng sisara laywan mami |[53] samoa wadyaningwang ||
16. nadyan kawênang madyaning jurit | arsa wruh ing alang-ujurira | moh kari urip wak ingong | duk rumêngêng sawêgung | tyas suh murca samya anangis | pratignya Nănggasêtya | unyang sumpah umung | miwah kang para atmaja | ngayun-ayun pringganing brata ripuh ning | wiragya bitutama ||
17. atanapi niyaka Kumpêni | myat ing nata alus sulêksana | antyasêm tan sumlang tyase | atmral ciptaning kalbu | nyata iki ingkang duwèni | pramudita rat Jawa | dadya lir tinuntun | dhuh gusti tuwan susunan | datan mamang têmaha patala rèhning | wijaya jayèngrana ||
18. byakta sirna ing Kartasura Ji | ywan sangking prêbawa jêng narendra | lan Kumpêni santosane | datar pintêna anjur | pintên kadar ing Kartawani | yèn wus kanthi Wêlănda | pêpukuling ripuh | prajurit rosa sumbaga | kula pêjah ing wingking bantu makêthi | ngurugi Kartasura ||
19. satru tumahas sing giri tasik | pintên sukêt anusup drigama | ywan tuwan datan ngêdhaton | Kartasura ngong malu | mantuk dhatêng nagri Bêtawi | ywan maksih kolu boga | sagêd nginum ranu | tan pramada mindrèng sêtya | satru tuwan abyata dèn kadi wukir | kula undha mring tawang ||
20. sri narendra tyante tyas sru trêpti | rumêngêng maring Atmral Safilman | kalangkung lêbda dêlinge | ngandika tyas sêsugun | sakêlangkung tarima kasih | myang sêtyaning punggawa | wus gilig kang rêmbug | ingkang sewaka luwaran | praptèng kulêm sri naradipa sêmèdi | nênêkung ing Pangeran ||
--- [198] ---
21. kunêng prapta ing Rêspati Manis | pêpak sanega nata gêgaman | ngêndhêng ngêndhanu barise | ăndakara mawa gyut | munggut rampak wadya Kumpêni | sumahab Kumpênislam | wong pasisir pênuh | antya prajurid Mêdura | pamuking prang myang wong Surabaya kadi | sardula sinumbaga ||
22. kinêmasan bajo ginarêdin | têratean udhêng bolang-bolang | kaywapu ulubalange | wong pêcalang sura nung | marti kosa awarni-warni | bung ampèl kapurancak | miwah pasêr giyu | wong Mêdura pêpilihan | tur sêntana sêdhêng nom manak ping kalih | rong atus kinêmasan ||
23. cawêt sondhère ing ngarsa ngwuri | bate-ngate[54] mas ya krêmbalangan | prasamya agêlung kondhe | lumrah kêrise nêlu | cêrapange cinothe kering | alandheyan balitar | burat wêdhak mawug | sangu borèh pitung jodhang | rikalane karingêtên yèn ajurit | padha mundur wêwêdhak ||
24. Panêmbahan Cakraningrat luwih | antya mêkasi jaya-jayantya | gut-gutên maring mungsuhe | kadya age nglinapsuh | mring sèlèhe wong andon mukti | Sri Narpèng Kartasura | akantaran bau | arsa malês lara wirang | muntab krura sambêknya darma punagi | apêsing parangmuka ||
25. miwah Dipati ing Surawèsthi | ngrêbdaning tyas lir bêsmi bantala | para putra pêpak kabèh | subajra palguna smu | kadyèstu ngrampasa pawèstri | sak mantar sining praja | pamêwah pra sunu | karênggèng rêtna praditya | amung Pangran Prangwêdana kinèn kari | anèng nagri Sêmarang ||
26. pan anganthi alfèrès satunggil | dera putra prawira surèng prang | dimène têtêp manahe |
--- 199 ---
Wêlănda ingkang kantun | ingkang jaga laji Sêmawis | tandya rakiting lampah | Jangrana tinuduh | sêsabêt pêngawat kanan | Panêmbahan Cakraningrat munggèng kering | Kumpêni măngka dhadha ||
27. tansah Kyai Dipati Sêmawis | datan pisah lan Atmral Safilman | ingkang minăngka pêmamong | nganthi dwi prawira nung | Jayaningrat lan Ki Dipati | Janapura Jêpara | kang dadya pênganjur | pasisir têngên sêdaya | wong pasisir ingkang kiwa munggèng karing[55] | magêrsari narendra ||
41. Asmarandana
1. para asmara dyah ngwuri | Ki Tumênggung Cakrajaya | kang rumêksa sêkancane | ri sampunira tinata | tatkalayar narendra | urmat mariyêm lir guntur | mangkat lampah pragantaka ||
2. sumrêg kang wadya lumaris | sahirèng nagri Sêmarang | mahabala tan kêna wor | wong sabrang prawira Jawa | pamuwah ring sumbaga | kaprawedyar dika tunu | kumram tejaning ngambara ||
3. ngangkên ruaraning tasik | bobagra agra gumiwang | dening nagendra pêlayon | suh tekang tanjrak lumembangk[56] | rindik-rindik wilêtan | manglanjak giri gumulung | pracăndha manjrah mangampar ||
4. majinjang angilat thathit | sumyaking jong layar têka | pyuhning tyas rasika angrok | campur kêstubaning surya | antya ngumbar santika | mangănta madyaning pupuh | berag takêr raswa nida ||
5. pragola cêkêlan pênding | sanetya mangayam-ayam | mêmalês sak-sriking tyase | pêngkuhing satru nirbaya | nora dêdama yuswa | kasranan sihirèng ratu | cipta winangsulan lina ||
6. tuhu narendra tur luwih | trus trah kang mutêr rat Jawa | ginalih mring sudarmane | ginadhang [gi...]
--- [200] ---
[...nadhang] batin kewala | ngrèh sanggyèng buminata | pujaning rama tumuruh | mayang mêkar ing Sêmarang ||
7. măngka jimate ing dasih | nêrpati digbya wisesa | sumyar sumrambah rum-rume | mangimur rêngating jagat | têkèng kang dudu băngsa | wagêd ngulani tyasipun | martani wadya sêntana ||
8. lir mulku piturun swargi | Sinuwun Pakubuwana | prawigya alus budine | mahardika pinandhita | lèrèh lirih ambêknya | têbih ing budi apunggung | jumênêng satitahing Ywang ||
9. kèdhêp samining nêrpati | swarjana sumuyud tyasnya | sarira surya candrane | kênyarnya jrênih nirmala | mangkya sira pratistha | nitih kuda ulês gêmpung | Ki Komasari kang nama ||
10. èbêk smu sri narapati | angungsut luhur pêsaja | gêdhog Kêdhu rasukane | têrus sak lancinganira | mangking Ki Mesanular | mulêk kêsturi rum-arum | mrêdu mênuhi mandrawa ||
11. pracina dhawuhing nasir | langit bumyardi lan mega | maruta niyup pêpandhèn | lir ngèstrèni sang jayendra | maharsi muji jaya | ngrêmukna ing Kartapurun | sang atilar purantara ||
12. duk budhal Rêspati Manis | nuju tanggal ping sêdasa | Jumadilakir sasine | marêngi taun Jimawal | gapura dwi kawayang | jalma pan sêngkalanipun |[57] laris ngawan yitnèng baya ||
13. arêrêb sagunging baris | masanggrahan ing Ungaran | sajuru sak galong[58] ganèng | samya arakit pondhokan | papan sêsêk bêlabar | kadya jalanidi têdhuh | sêmana Atmral Safilman ||
14. arêmbag lan komasaris | nuju sêpining prawara | arsa nênuwun badhene | yèn ana para dipatya [dipa...]
--- 201 ---
[...tya] | myang Suradimênggala | amêsthi yèn datan antuk | duk wanci andhaping asar ||
15. lumêbu seba nêrpati | wus pinanggih lan narendra | anuju pinarak dhewe | atur tabe angrêrêpa | anuwun sih wilasa | mugi kenginga anêmpur | wos pêsisir sabên warsa ||
16. sèwu koyan dèn bayari | sakoyan nyêlawe reyal | jêng sunan nganthuki bae | atmral mèt putlut lan kartas | karya surat pratăndha | yèn wus kalilan sang prabu | nulya mit praptèng pondhokan ||
17. suka girang dèn urmati | mariyêm drèl wantya-wantya | para bupatya sru kagèt | panêmbahan sakancanya | myang Suradimênggala | pating balêbêr lumêbu | prapta ngarsaning narendra ||
18. wus samya dipun jarwani | panuwune tuwan atmral | pra punggawa ngungun kabèh | Dipati Sêmarang nêmbah | kang sinuwun marmi ta | datan nimbali pukulun | pan wakil dalêm kewala ||
19. yèn nênuwun pun Kumpêni | mèsêm sang nata ngandika | sêpuluh-puluh kêpriye | ingsun nganthuki kewala | iku digawe nyata | pênjaluke amlasayun | mêngkono wau aturnya ||
20. Kumpêni nèng tanah Jawi | nglampahi karya paduka | sintên dèn arsarsa malèh | tan lyan kêkucah paduka | lan iku nganggo bayar | dadi kolur ingsun manthuk | matur Dipati Sêmarang ||
21. langkung untung pun Kumpêni | untung pan tikêl pranêman | sèwu koyan panuwune | tinumbas nyêlawe reyal | winade mring Pêlembang | sakoyan ngalih blah atus | suka gumujêng narendra ||
22. pra dipati ambelani | gumuyu ambata [amba...]
--- [202] ---
[...ta] rêbah | dadya samya suka kabèh | nangling Dipati Sêmarang | pintêr têmên ki atmral | anênuwun anênungkul | sangsaya suka lir kilang ||
42. Dhandhanggula
1. kunêng ing dalu kawarna enjing | sri narendra miyos sinewaka | prawira dama ngarsandhèr | sagung wirèng pênganjur | pan sêdaya dipun timbali | para putra Mêdura | kadang Surèngkewuh | Rahadèn Sasradiningrat | Radèn Suradiningrat punapamalih | Arya Jayapuspita ||
2. Panji Surèngrana myang Apanji | Kartayuda myang wirèng Bumija | Mangkuyuda lan arine | Natayuda nèng ngayun | angandika sri narapati | mring Dyan Sasradiningrat | kayangapa kulup | pawartane mungsuhira | sang dinangu matur saha mangênjali | mênggah pun Sumabrata ||
3. sêdya rêrêmpon ngurêbi biting | rayi dalêm Pangeran Mataram | sak sêntana baris Ngamboh | wêdana lêbêt tugur | baris Ngasêm pawarti angi | Susunan Mas pan nêdya | miyosi apupuh | amêthuk ing padukendra | sang nata ngling sokur anak prabu jurit | gêguyon lan wong tuwa ||
4. amung mungsuhmu ing Kalicacing | aja kuwantêrên angrêbasa | mungsuh lan rowang binabot | sêbaya laywan ingsun | mati urip ngong lumuh kari | lan wadu warganingwang | cabare wak ingsun | durung ngarjani mung pringga- | baya witning sih ingsun kumantil-kantil | mring warga wadyaningwang ||
5. wirèng pênganjur prasamya nangis | amiyarsa andikaning nata | Dyan Sasradiningrat ture | sampun susah pukulun | bilih maksih matikswa lungid | abdi pada Mêdura | kanang waos dhuwung | nangguhi pun Sumabrata | acaruk wor arok bănda kasok gadhi | sumambung Japuspita ||
--- 203 ---
6. sampun nadar kawula rok wèri | agênti kris akantaran boja | lan Patih Kartasurane | Surèngrana amuwus | kula inggih darbe punagi | aprang lan Sumabrata | ajêng ulêng rambut | apragola pupu jaja | Ki Tumênggung Mangkuyuda anambungi | lêrês atur punika ||
7. yèn winawrat lan gusti ingkang sih | tan tumimbang maksih kirang mêngsah | Ki Natayuda sêbdane | ingkang kinarya mangsul | pamarta sih kêtêg sadêmi | supados kasampêtan | mèsêm sang aprabu | padha sun turuti sira | besuk dina Soma ngangsêga ing biting | samya matur sandika ||
8. rêmbag wus gilig suprayèng kardi | kawarnaa Sunan Mangkurat Mas | lênglêng lênguk sang arajèng | myarsa kang paman rawuh | ing Ungaran apacak baris | wadyane sura sarat | atmral pan misuwur | guyu sêbdane lir gêrah | èsêmira lir kilat lokaning wêdi | gumyah kang ora-ora ||
9. sang nata ngênês ngungun tan sipi | tansah karuna sajroning cipta | alingan ungas pamrihe | têtêpa tyasing wadu | sandikarsa miyosi jurit | pan sapati sagêsang | lan kawulanipun | andadar nglèlèr mring bala | akèh mêtu dunya salêbêting puri | kinarya sangu minggat ||
10. gandhèk ingutus mring Kalicacing | myang mring Ngambuh dhawuhkên timbalan | ywan sang natarsa rêrêmpon | aturnya punggawa gung | anglabuhi karsa nêrpati | nanging lambe kewala | batine wus kuwur | sigêgên ing Kartasura | kang abaris Ngungaran kawarna malih | nêmbang pangkur sêdhêngnya ||
43. Pangkur
1. prapta ing sêmayanira | dina Soma sayaga
--- [204] ---
ing ajurit | mangkat gêgaman pênganjur | para Mêduratmaja | kadang Surapringga myang prawirèng Kêdhu | Sinuhun Pakubuwana | dahat marmèng mring kang abdi ||
2. tindaknya ngrondhe ing wuntat | mêmanuki ingkang dadya pangarsi | kumlab tulywa dilah barung | mayang sanggyèng sumbaga | laraping asta ratu muntung mêndhuwur | kumêndhung angêmu badra | prêkatha grah manêngkêri ||
3. kawarna Ki Sumabrata | wus miyarsa yèn badhe dèn inggahi | sênjata susun matimbun | rinakit ing têlatar | tata baris jibêg lir sêgara pagut | kumpul kang para niyaka | Mandurarêja prituwin ||
4. Banyakwidhe Pangran Blitar | atanapi Pangran ing Surawèsthi | gugup prêdondi kang rêmbug | ana ngajak anglanggar | kang sawênèh angajak mêmpên nèng kuwu | angadu mimis kewala | pan wus kêtêr kyai patih ||
5. bêngak-bêngok undhang-undhang | sanak-sanak dèn padha ngantêp juri | elinga marang ratumu | utamane wong priya | mati aprang manggih swarga adiluhung | aja na tilar gêlanggang | sêdaya asaur pêksi ||
6. kasaru mungsuhnya prapta | wadyèng Kêdhu Sampang lan Surawèsthi | wong Kartasura sru gugup | muwêr biting tan mêdal | mungsuh wani ginrudug mariyêm sungsun | gumrujug mimis sumêbar | anibani mungsuh bêsmi ||
7. para prawira tumandang | sura sara kêsangsang drêsing mimis | wong Pakubuwanan limut | akèh ingkang palastra | tan tinolih kang nèng wuri ajrih kantun | ingampah pan ora kêna | tan bisa tumèmpèl biting ||
8. Sinuwun Pakubuwana | anupiksa kang abdi akèh mati | ing tyas mapuhi sang prabu | putêk tanpa singkaban | upayane ginagap dèrèng kêpangguh | margane [mar...]
--- 205 ---
[...gane] mêntas ing lampah | dadya manurus jatining ||
9. mungsuh kang prakoswa sara | angalangi yêkti tanpolih margi | dènnyarsa ngluwari wuyung | mangsuli sihing wadya | tu sêbda wrêdane sang maha wiku |[59] ngangên-angên witing papa | kalangkung dènira runtik ||
10. wus pinanggih upayanya | gya anêkung nêgês cipta ngabêkti | paminta ywa pindho laku | mijayani kadiran | wus katrima gêlênging nala manaput | sumênge lir giwangkara | Kyai Pêlèrèd pinusthi ||
11. umadêg warastra purba | graning tikswa dumilah angrimangi | menggal ri sêdhêng sang prabu | arsa ngawaki yuda | kang ngandika mring Cakrajaya hèh sagung | kulawarganingsun padha | pakaryan sêpi saniki ||
12. sapa kang nora supraya | ninggal bêgja nora dadi priyayi | kang wadya samya anggrêgut | para putrambêk krudha | sri narendra yèn katèmpêr ing prang pupuh | suka seda ing ranongga | tan arsa dandana malih ||
13. Pangran Wujil datan têbah | matur yèn wus kapratela pandêling | lulus niscaya kadulu | bêdhahing Kartasura | sang nata ngling mugi Allah anglêstantun | ing Ngadilangu yayi mas | tulusa kita darbèni ||
14. munggut wong Pakubuwanan | ingkang dadya pêngawat kanan kering | Panêmbahan Jangrana wus | angawêt barisira | wong Kumpêni mangras tambure dhêrudhut | kopya arda prakampinta | gumêtêr tasik prêtiwi ||
15. goyanging mèru sangsaya | têkèng rasatala masran kumitir | prêbawa sang rêtnèng pupuh | gurnita aru-ara | lir atuduh wijaya nyurak mring mungsuh | kayu watu angin mega | mawênês lir jurung puji ||
16. lulus amungkasi jaya | anggêmpura munah
--- [206] ---
ing Kartawani | suhunan sang darma alus | ngisèni yuwanèng rat | têntrêm ayêm nungswa Jawa rêmbun-rêmbun | linanga kang puwa-puwa | cênthula diksurèng bumi ||
17. kadi mêngkana ciptanya | yèn jalmaa milu angrêrewangi | kumisik kang bajra bayu | bêbayoni sang aprang | parmaning Ywang kastawa wirèng pênganjur | kalis ing mimis tumiba | mawantah mrêpêki biting ||
18. wus sompok bêdhil kapêlak | binandhêman sangking sajroning biting | ing lêlungka wadhas watu | tan kandhêg pêngrangsangnya | bala Sampang Surabaya myang wong Kêdhu | ambêrung dimêr kewala | wus jibêg ngisoring biting ||
19. lir sumpil nèng watu tatap | andhèdhèli kapurancanging biting | munggah angrèkèl wot lawung | banjêl hru kèh gumêntar | anglir udan kurda risang silih ngirup | Sang Arya Jayapuspita | anacak praptèng jro biting ||
20. tinut ing para mênggala | gundam-gundam gègèr sajroning biting | nging tumanggah maksih kiwul | wirèng Pakubuwanan | liwat luwih tumiyang ngênèni tang hru | wong Mêdura ănggakara | mandhudhal ambubak daging ||
21. berag kadi newakèng dyah | sêsambating kacurnan ngadhuh mati | lir sang dyah wênah ing lulut | rêngih-rêngih paprêman | pancurating ludira lir burat santun | swaraning biting kang rêbah | lir grêrot[60] ngasmara rêsmi ||
22. sira Panji Surèngrana | sumbar-sumbar wong Kartasura gipih | dèn kêbat padha lumayu | apa olihanira | pati-pati sira kudwa jayèngkewuh | ratumu konên marsèng prang | yèn bosên mandhirèng aji ||
23. padha-padha yèn matia | Sumabrata wus ngrasakakên mukti | sêdhêng atalanga lampus | sira wong pênajungan | pêksa mapag yudane
--- 207 ---
wong Surèngkewuh | wis ta babo aja-aja | mantri Kartasura runtik ||
24. kang padha kawratan dana | anauri pan wus aduning jurit | mantrine wong Surèngkewuh | lan mantri Kartasura | narendraku iya kalaywan ratumu | nangling wirèng Surabaya | yèn ratuku darma luwih ||
25. ningrat maha wiku nyata | ywan ko arêp tulusmu dadi mantri | tur lana dawa umurmu | lah uwis lumayua | aja milu sura ambêke ratumu | apa sira nora mulat | ratumu jail mêringkil ||
26. timbangên lan ratuningwang | padha-padha kang duwe nungswa Jawi | kari budi darma alus | wong padha nunggal darah | kuna-kuna kang angingu dhêdhiyêngmu | rinasa bênêr wus buyar | lumayu arêbut dhimin ||
27. gègèr ing jro pabitingan | salang tunjang lir gabah dèn intêri | larut mêtu lawang kidul | nangling Jayapuspita | Sumabrata payo aja rangu-rangu | cicipana pêdhang ingwang | ki patih ulate putih ||
28. sêkancane pra punggawa | angadhangi wong kang mlayu tan kêni | malah tanpa jêjinagur | murud para punggawa | sarta wêruh pêngawat wus ngawêt nglingkung | Jangrana lan Panêmbahan | kumutug ngabongi[61] Tingkir ||
44. Dhandhanggula
1. kudhandhangan wau Kyai Patih | Sumabrata myang Mandurarêja | sêkancane pan wus ambrol | lumayu numbuk-numbuk | ana ingkang malik kulambi | Kalicacing wus bêdhah | kang ngungsir bêbujung | wong Kêdhu lan wong Mêdura | kang kêcandhak dèn dhèdhèli dèn placoti[62] | kawus wong Kartasura ||
2. nguprêt-uprêt wong Kêdhu kêkinthil | akathah ingkang têluk ing marga | nungkul asrah gêgamane | kèh mantri salin kadut | kang wus wawuh anunggil kardi | kala kartaning jaman [jama...]
--- [208] ---
[...n] | lawan sikêp Kêdhu | mandhêg sarwi angrêrêpa | adhuh adhi têpa-têpa bok dèn eling | mêksa ngayok kewala ||
3. nora wurung dènnya bêlajodi[63] | wong Kêdhu padha cara Mêdura | gèdhèg têmbêk basangane | kalak sabok pèt kandhut | bratyèng Kêdhu tumênggung kalih | dhusun Ampèl barisan | Ki Sumabrata wus | praptèng Ngamboh kagegeran | dipun nyana mungsuh prapta wus pinanggih | pangran atakon warta ||
4. Sumabrata gupruk anuturi | ngênês miris Pangeran Mataram | kadya tinunu ciptane | myang wadya lit puniku | rubung-rubung pating kalêsik | atakon-tinakonan | tutur duk kaburu | mungsuhnya ngilês angidak | baris Ngamboh akèh kang minggat ing wêngi | ana pamit kêlaran ||
5. warna-warna solahing wong cilik | ana sêsèlèh alus mring lurah | sawahe pinasrahake | kang tinampik tan wurung | minggat sarwi anggawa bêdhil | sigra Ki Wiragatya | pan utusanipun | Pangeran Arya Mêtaram | lagi prapta karyane molah anêlik | tindaknya ingkang raka ||
6. wus dinangu matur Wiragati | inggih sampun kawula nalika | dumbani rakanta rajèng | mangke sampun anglarug | wontên Salatiga raka ji | sangkêp manungswa Jawa | kang dados gul-agul | rinta Panêmbahan Sampang | lan Jangrana pêpukul tur pamugari | dhinahar saaturnya ||
7. pênuh ingkang prajurit Kumpêni | warni-warni myang Kumpêni Islam | tuwan atmral pambêktane | gilig pirêmbagipun | sura sara alêbu api | yèn katèmpêr ing yuda | datan arsa mundur | lêbura asmaralaga | datan arsa aprêdandanana malih |
--- 209 ---
riyêg sampun pratignya ||
8. raka paduka sri narapati | rêrêmpon anglabuhi kang wadya | tuwin Kumpêni sêtyane | nêdya pêjah ing ripu | yèn tan bêdhah ing Kartawani | pangran anglês miyarsa | supe janjinipun | lan kang putra Susunan Mas | sanggup wani lan kang raka ing Sêmawis | mila ingêbang-êbang ||
9. bang-bang alum-alum tanah Jawi | dhêdhak mêrang lan sabin salêksa | pan iku pêpunjungane | luput ing takêr turun | mangke galihira ngêlinthing | Ki Patih Sumabrata | pamit arsa mantuk | lan sagung kang kalah yuda | gêginjalan kinèn sabar datan kêni | kêdah mantuk kewala ||
10. Pangran Arya Mataram lingnya ris | dika mulih adhi Sumabrata | taklim kula mring sang rajèng | dika rêksa nak prabu | ringong pamitêna ngêmasi | andhekori ngayuda | lêbura ing Ngambuh | pan wus jamaking wong tuwa | bêbantêne gya angênthar kyai patih | mulih mring Kartasura ||
11. jumarajog[64] marêk mring sang aji | katur sêdaya sak solahira | anglês sidhakêp sang katong | nèng dhampar pungun-pungun | èngêt wulangira sang aji | rikala Dasamuka | rinampid kinêpung | nêlăngsa krêrasa-rasa | sri narendra nangis sadalêming linggih | sênggruk-sênggruk ki patya ||
12. kunêng sang nata kawarna malih | wau Pangeran Arya Mêtaram | kalangkung pangrudatine | wongnya lorodan sumyur | saya akèh warta mimbuhi | kocap Jayapuspita | bisa tan kadulu | mèt cidra amugut murda | sabên dalu katonto padha kuwatir | sirahe ginrayangan ||
13. wong kang minggat atusan bên latri | mangkya [mang...]
--- [210] ---
[...kya] Pangeran Arya Mataram | kongah-kangihan manahe | rêmêk rêmpu tyas liwung | angrudana winolak-walik | jumênêng kulinglingan | kulèn nulya lungguh | tambuh kang kinurêbana | Kartasura kaponakane sayêkti | Sêmarang kadang tuwa ||
14. têmah karuna dalêming galih | dadya sêsambat swargi kang raka | ngrês-ngrês kapêrês manahe | dangu-dangu pinlaur | ingkang unggul dipun lindhungi | pangran karya walgita | mèsi supatra lus | apurwèng astuti sêmbah | sayogyane katamèng raka nêrpati | ngaturkên pêjah gêsang ||
15. kawrat graning cudaka pêpatih | wasta Angabèi Martanăngga | ing dhusun Ampèl jujuge | marga niki Tumênggung | Mangkuyuda gawani mantri | nglarapna mring Nêmbahan | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Salatiga | wus tinampèn mring nêmbahan êntyarsaning | ri sêdhêng sang asmara ||
45. Asmarandana
1. jêng sunan miyos tinangkil | andhèr kang prawira dama | para putra pêpak kabèh | myang Kumpêni bêbanjêngan | kapering prênahira | kasongan têtarub agung | sangkêping guna kuwasa ||
2. sêkar mêkar maragasi | mring langêning pramudita | prawira sura digbyane | sang narpa mintir bojana | mulut sêtyaning bala | Panêmbahan awotsantun | sinuhun atur uninga ||
3. rayi paduka nêrpati | Pangeran Arya Mataram | putusan pinisêpuhe | atur surat ing paduka | tumulya tinupiksa | kadriya surasanipun | kang rarywa tur pêjah gêsang ||
4. nungkul sumungkêm astuti | nanging nênuwun kalingan | sinamar kawirangane | lumampah prang kamăndaka | dèn rame bêdhil [bê...]
--- 211 ---
[...dhil] lawar | sagah ngêngakakên pintu | jurug kendhange kang putra ||
5. titi mutadaning tulis | mèsêm kangjêng sri narendra | ariku mas yèn mêngkono | wurung ngayoni maringwang | adhimas dadi rewang | hèh dutane ariningsun | matura mring gustinira ||
6. kaliwat tarima mami | liwat sangking aprayoga | arsa atundhuk maring ngong | angajak prang gêgorohan | sun miturut yayi mas | laywan salam donganingsun | mring ri mas Arya Mataram ||
7. Martanăngga nêmbah amit | gya Ki Dipati Sêmarang | kinèn juru basakake | mring atmral têtelanira | surate Pangran Arya | atmral ngadêg saha manthuk | trimakasih langkung suka ||
8. parentah budhal sang aji | bêndhe tinitir angangkang | gulung-gumulung tan pêgot | kadi giri gara-gara | atmral lan Panêmbahan | myang Jangrana munggèng ngayun | pênganjur wus winangsitan ||
9. prang sandi tan nganggo mimis | mangkya Kyai Martanăngga | praptèng ngarsane gustine | aturnya putus sêdaya | pangeran langkung suka | katrima panungkulipun | lagya eca angandika ||
10. gêgaman pangarsa ngrampid | prawirèng Kêdhu nêlasak | anjog sakilèning kênthèng | atêpung wong Surabaya | wong Sampang nurut marga | lir sêgara jala têdhuh | Pangeran Arya Mataram ||
11. amiyosi ing ajurit | dhêdhêg barising sêntana | padha bêbêdhilan kathong[65] | rame dènnya surak-surak | baris Ngambuh wus dhadhal | senapatine lumayu | Pangeran Arya Mataram ||
12. sawonge aniba tangi | binendrong sangking ring wuntat | ingkang bêburu andhêge | ing Kêbondalêm sêmana | baris Ngasêm kawarna | wêdana [wêda...]
--- [212] ---
[...na] kêparak tugur | Wiraguna Wirarêja ||
13. baluwèrtinya[66] wus rakit | gêgamanira asinang | nguni Sunan Mas karsane | ing Ngasêm dènnya amapag | yudanira kang paman | pratiwèng jro samya tugur | tan lyan kang ingarsa-arsa ||
14. mung Pangran Arya Mêtawis | mugi lananga kang yuda | anambung watang putunge | angêjum kumbala wudhar | karan sru pêngandêlnya | sihe kang putra kêlangkung | tan nyana manahe giwang ||
15. kasaru gègèr gumirih | dhatênge kang kapêlajar | gumrubyug nut lurung gêdhe | kang pratala kadi bêlah | watang kèh pinutungan | para sêntana lumayu | anunjang ing pêbarisan ||
16. Pangeran Arya Matawis | prapta sru panguwuhira | hèh kănca jêro dèn age | mayo padha mulih gancang | angrêbut anak nata | kaya priye polahipun | dhuh sapa bature kendhang ||
46. Dhandhanggula
1. dudu suwawa mungsuhmu iki | sun sara-sara wus nora kêlar | angayok dudu rasane | wong Sampang Surèngkewuh | kaya-kaya wong naur sêngit | nora mandhêg tinumbak | padha gêdhug timbul | wêdana jro duk miyarsa | ngingêr kuda lumayu nandêr amênit | kalulun Ngasêm bêdhah ||
2. apuyêngan gègère tan sipi | jroning praja tangis ngaru-ara | kawarnaa sang arajèng | lênggah lan arinipun | Pangran Bèi tansah tinari | yèn purun nênggulang prang | ing rama kang rawuh | pilungguh sabin salêksa | ingkang sarta nama Pangran Senapati | nanging mlupuh kewala ||
3. gantya ingkang mantu dipun tari | Rahadèn Arya Suryadiningrat | inggih amopo kemawo[67] | kasaru praptanipun | Pangran Arya Mataram jêlih | manangis têbah jaja | adhuh anak prabu | tan nyana sagêd kêpanggya [kê...]
--- 213 ---
[...panggya] | mèh kêcandhak pun bapa kura[68] sathithik | dening wong Surapringga ||
4. witning wong ing Sampang dubilahi | Mangkuyuda lan Si Natayuda | angincih mlêtêr kemawon | dhimin duk dadi batur | nora pantês klawas-kuliwis | dadi mungsuh tan pakra | buru ngubud-ubud | anggèr sampun ngeca-eca | dawêg lalos pintên banggine ing wuri | sok ugi wilujênga ||
5. bokmênawi mungsuh sêlak prapti | wong Mêdura tan wruh ing bêndara | Jayapuspita kaule | ngancam-ancam mring prabu | myang yèn olèh sêntana aji | dèn lerongi gêdubang | dèn sruwali wulung | gamêlan cangkêm nut marga | tinunggangkên ing kêbo mungkur mring wuri | pinayungan kêlaras ||
6. myang kang dede băngsa gêgilani | Bugis Mêkasar Ambon Sêmbawa | wong Lumayu lan Trênate | pun atmral nadaripun | yèn kacêpêng anak nêrpati | kinarya pêrantean | adhuh anak prabu | ramanta wus supe pisan | lamun mungsuh atmaja kalimput dening | wibawa kasinggihan ||
7. ing sadintên mangke mêngsah prapti | sri narendra gugup amiyarsa | kang paman anggêlak bae | dawêg anggèr dèn gupuh | yèn kêsompok mungsuh nêkani | kula kang dados kawal | jagani ing pungkur | lan kangmas Arya Panular | kang pinurih sang nata menggala gingsir | gègèr tyasnya narendra ||
8. para garwa sampun dèn undhangi | otêr tangise sajroning pura | pawongan dandan sangune | singa cinandhak luput | kontrang-kantring pating jalêrit | sampur gêlunge lukar | masambat sang prabu | sang nata anênggak waspa | kêbut garwa putra pawongan myang cèthi | sri bupati wus jêngkar ||
9. Kêmis Pon sasi Jumadilakir [Jumadi...]
--- [214] ---
[...lakir] | tanggal wolulas taun Jimawal | sinêngkalan gapura ro | ro kawayang ing ratu |[69] maksih kathah ingkang angiring | bupatya kèh tan pisah | wêtara wong sèwu | loroge anjog Kêduwang | Pangran Arya Panular Arya Matawis | mêpak badhe sugata ||
10. kawarnaa kangjêng sri bupati | ingkang Sinuwun Pakubuwana | laywan sawadyabalane | sampun rawuh ing Ngambuh | mêsanggrahan nata sêlatri | pênganjur bala Sampang | laywan Surèngkewuh | lawan wong Bumi Bumija | lampahira sêdaya wus samya manjing | nagri ing Kartasura ||
11. panggih lan Pangran Arya Matawis | sinugata alun-alun aglar | wong cilik jêjarah rame | wismaning pra tumênggung | binalengkrah winolak-walik | wong Sampang Surabaya | bêbajag amrugul | myang jaluk bêrkatan dhêsthar | yèn tan awèh anèng kêpala dèn uthik | tuwan atmral gya prapta ||
12. sarêng laywan Panêmbahan tuwin | Jangrana gupuh Pangeran Arya | Mataram lan Panulare | Ngwarung Kalitan mêthuk | laywan atmral sampun pinanggih | prasamya têtabean | atmral mèsêm muwus | nèng pundi putranta sunan | wus tinutur ing purwa wusana ênting | atmral kalangkung suka ||
13. laris lampahnya atmral wus prapti | ing paglaran eram duk tumingal | ing mariyêm gêdhe-gêdhe | datan kinarya pupuh | amarani Ki Gunturgêni | miwah Ki Sapujagat | dipun êlus-êlus | cipta dadiya bêdhilnya | ing Kumpêni sapa timbange ajurit | tansah goyang kêpala ||
14. atmral lajêng minggah mring sitinggil | mudhun maring ing kori pamêngkang | kinunci brajanalane | bukak kori tan purun | ajrih marang sri narapati |
--- 215 ---
wangsul mring pagêlaran | sinugata sampun | têkèng pêkathik wêrata | sakêlangkung bojakramane mênuhi | Pangran Arya Mataram ||
15. wusnya nadhah tuwan atmral bali | maring Ngasêm amêthuk sang narpa | pangeran kalih andhèrèk | Dipati Surèngkewuh | lan Nêmbahan anata baris | kawit sangking paglaran | baris nut lêlurung | ngantos dumugi Kêmlayan | bungah ing smu praditya angilat thathit | baris kang badhe urmat ||
16. munggang wiyosan sampun miranti | niyagane wus pêpak sêdaya | anunggu gêgadhuhane | găngsa pusaka mêtu | Kyai Bêlah Kapat miranti | atmral ing Ngasêm prapta | matur ing sang prabu | kêpanggih suwêng jro pura | putra nata dhatêng Kêduwang angili | manggut sri naradipa ||
17. tandya Pangeran Arya Matawis | laywan Pangeran Arya Panular | amulêt pada ngêlasod | ngayalepa wêtu luh | sri narendra angrês kang galih | ingkang rayi kalihan | dipun rapu-rapu | anulya kang para putra | samya kinèn ngabêkti gupuh prasami | atur sêmbah ing paman ||
47. Mijil
1. wijiling sêbda kang paman kalih | waspa ting talêthok | tuwan atmral ngaturi sang rajèng | nuntên mangkat budhal sri bupati | dipăngga ing ngarsi | pêlanane murub ||
2. rinawisrêngga rinukmi-rukmi | gadhinge binlongsong | kêmbang tiba cêplok ing tulale | tinênun toya mas ngiras sumping | gêntha tali wêsi | kumêmpyong sadlanggung ||
3. tinub ing srati padha kulambi | sangklat marong-marong | dipăngga iku mila-milane | Raja Siyêm ingkang angaturi | mring Sunan Mas dhimin | Kumpêni tan angsung ||
4. dèn andhêg anèng nagri Sêmawis | katur ing sang katong | wong pasisir [pa...]
--- [216] ---
[...sisir] nêpungi barise | wadya Sampang lan wong Surawèsthi | mangkya sri bupati | rawuh alun-alun ||
5. munggang tinêmbang drèl wanti-wanti | gobyar swaranya ngrok | Kumpênislam sruni kêkênthunge | giyak bêngkilung sêlomprèt anjrit | tamburing Kumpêni | kumrampyang gumuruh ||
6. wong Mêdura lan wong Surawèsthi | tanjak onclang waos | mêncak mêkanjar Bugis Têrnate | buwana kadi urun sukati | mega-mega riris | rumahab lir dulu ||
7. rawuh paglaran têdhak sing wajik | kangjêng sang akatong | Atmral Sapilman nganthi astane | mungguh pinarak bangsal pêngrawit | para putra ngarsi | pratiwa supênuh ||
8. wus prapta nugrahane sang aji | kang sewaka jomblong | lali duk samya tètès waspane | èngêt papane ing nguni-uni | cipta lir wong ngimpi | kamulyan Ywang Agung ||
9. aluwaran minggah mring sitinggil | kangjêng sang akatong | mring pamêngkang kinunci lawange | dadya kèndêl kangjêng sri bupati | atmral bêdhat kunci | sang nata ngêdhatun ||
10. saha garwa pawongan myang sêlir | sêdaya wus manggon | dintên Jumungah pangêdhatone | dene kendhange Sunan Mas Kêmis | amung lêt sêlatri | kubêng baris tugur ||
11. wong Sampang Surapringga kang jagi | ing kori kidul lor | Ki Cakrajaya lan sêkancane | samya tungguk wontên srimênganti | prawara pasisir | nèng paglaran tugur ||
12. Panêmbahan ingkang anindhihi | nèng pêngapit kulon | pêngapit wetan măngka kuwune | tuwan atmral mring pagongan pipit | kang wadya Kumpêni | pênuh alun-alun ||
13. mantri Kartasura akèh prapti | bên dina tan tawong[70] | nèng Ki Cakrajaya pêmagange | kawarnaa Pangeran Ngabèi | tumut ing raka ji | wus nyimpang dêlanggung ||
14. praptèng Kartasura wus kêpanggih | lan [la...]
--- 217 ---
[...n] rama sang katong | sru onêng dera lami pisahe | samya karuna ingkang para ri | rêrangkulan sami | parêng sênggruk-sênggruk ||
1 | Variasi: brêtya (dan di tempat lain). (kembali) |
2 | bokor. (kembali) |
3 | prakampita (dan di tempat lain). (kembali) |
4 | ngênggyani. (kembali) |
5 | sawetaning. (kembali) |
6 | bolos (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | kula. (kembali) |
8 | ingsun. (kembali) |
9 | jungkarangi. (kembali) |
10 | kridhaning. (kembali) |
11 | dibya. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: anging pawèwèhira. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: ingkang olunga alunga. (kembali) |
14 | ngujung. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: supe intên bêbêrkatan. (kembali) |
16 | pinocot. (kembali) |
17 | nuwun. (kembali) |
18 | dêrajate. (kembali) |
19 | bagèkkên. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: gêgajian măngka sanguning ajurit. (kembali) |
21 | Variasi: kêlawan (dan di tempat lain). (kembali) |
22 | lêbokna. (kembali) |
23 | Kurang satu suku kata: lan Jangrana wus budhal sangking nêgari. (kembali) |
24 | pogok. (kembali) |
25 | jendral. (kembali) |
26 | dalah. (kembali) |
27 | Variasi: dragundêr (dan di tempat lain). (kembali) |
28 | anulya. (kembali) |
29 | satunggil. (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: Bupati Tegal kêkalih. (kembali) |
31 | aprituwin. (kembali) |
32 | anggêrjita. (kembali) |
33 | Lebih satu suku kata: alfèrès ngarsa. (kembali) |
34 | tamèngira. (kembali) |
35 | pati. (kembali) |
36 | Tanggal: lawang ro karêngya nunggil (AJ 1629). Tahun AJ 1629 jatuh antara tanggal Masehi: 26 April 1705 sampai dengan 14 April 1706. (kembali) |
37 | kêraèngira. (kembali) |
38 | Sêrondhol. (kembali) |
39 | bubrahên. (kembali) |
40 | Lebih satu suku kata: ki tumênggung lampahira. (kembali) |
41 | ngêlothok. (kembali) |
42 | nuwun-nuwun. (kembali) |
43 | gêrowong. (kembali) |
44 | cinelung. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: nèng Gagatan lumayu wong akèh. (kembali) |
46 | sodor. (kembali) |
47 | wadyèng. (kembali) |
48 | kacurna. (kembali) |
49 | yogine. (kembali) |
50 | kêroyok. (kembali) |
51 | cihnaning. (kembali) |
52 | panggunggungmu. (kembali) |
53 | Lebih satu suku kata: mati urip parêng sira laywan mami. (kembali) |
54 | bate-bate. (kembali) |
55 | kering. (kembali) |
56 | lumembak. (kembali) |
57 | Tanggal: Rêspati Manis (Kêmis Lêgi) sêdasa (10) Jumadilakir Jimawal: gapura dwi kawayang jalma (AJ 1629). Tanggal Masehi: Rabu 30 September 1705. Pada bulan Jumadilakir tahun AJ 1629, hari Kêmis Lêgi jatuh pada tanggal 4, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Kêmis Lêgi 4 Jumadilakir AJ 1629 (Kamis 24 September 1705). (kembali) |
58 | golong. (kembali) |
59 | Kurang satu suku kata: atur sêbda wrêdane sang maha wiku. (kembali) |
60 | gêrot. (kembali) |
61 | ngobongi. (kembali) |
62 | plocoti. (kembali) |
63 | bêlojodi. (kembali) |
64 | jumarojog. (kembali) |
65 | kothong. (kembali) |
66 | baluwêrtinya. (kembali) |
67 | kemawon. (kembali) |
68 | kurang. (kembali) |
69 | Tanggal: Kêmis Pon wolulas (18) Jumadilakir Jimawal: gapura ro kawayang ing ratu (AJ 1629). Tanggal Masehi: Kamis 8 Oktober 1705. Pada bulan Jumadilakir tahun AJ 1629, hari Kêmis Pon jatuh pada tanggal 11, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Kêmis Pon 11 Jumadilakir AJ 1629 (Kamis 1 Oktober 1705). (kembali) |
70 | towong. (kembali) |