Babad Kangjeng Ratu Kancana, Sastrasumarta, 1936, #1081

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serat Babatipun Kangjeng Ratu Kancana karan asma Kangjeng Ratu Beruk Prameswari-Dalem Ingkang Sinuhun Kaping III

Dening: Radèn Mantri Guru Sastrasumarta

Naskah Asli saking:
SASONO POESTOKO
KARATON SURAKARTA
No: 118 Ka
KS #66
Reel 103 #4

Kasalin Aksara dening:
GRM Soeryo Bandono
Januari 1985

1. Dhandhanggula

1. dyan ingêpuh pamêsuning budi | mandar wagu gatining gitaya | trima mung sakêcandhake | gumulung lênging kayun | ruwêtira tan dèn pèngêti | saliring tata sastra | srananing pangapus | suwung tan lir pramèng basa | marmanira wadhah wadhak tanpa sari | tangèh mirib sarjana ||

2. napak tilas lêstarining nguni | kang laksita ginubah binabar | kang wus kacihna tandhane | gandanya maksih arum | mêtabêri sadarah wuri | kamuman ganda wida | sumarambah marbuka |[1] rumakêt maring sarira | anrus tumus rumêsêp ing sanubari | mirid dongènge kuna ||

3. sarosamba mardawa mamardi | anggupita sinawung sarkara | gancarakên rorocene[2] | jinêjêr Kangjêng Ratu | Kancana di Pramèswara Ji | Sinuhun Pakubwana | swarga kaping têlu | kang mandhirèng Surakarta | winursita rumuhun putranya swargi | Tumênggung Wirarêja ||

4. babadira binabar binudi | nênggih Radyan Mênggung Wirarêja | duk maksih nèng desa manggèn | Palar lêgèn rumuhun | anêmah ing kasrakat miskin | aran Ki Jagasura | wismanira gubuk[3] | cagak dêling payon krapak | reyak-reyok gêdhèke bêtepe garing | cagak dhoyong tinuwak ||

5. jaga yitna[4] yèn sinrang ing angin | lamun jawah balêbah kasrambah | klêbus kêbês badan kabèh | karongron luwih rukun | dènnya somah jalu lan èstri |

--- 2 ---

antêping tyas têmênan | taman murkèng pandum | kang priya ulah kêbonan | mung sacluwik dèn ulik-ulik agasik | ngrêsêpkên kang amulat ||

6. tinanêman ingkang mawèh misil | karya jangan bêtahing padinan | kacang kara bêstru ceme | terong sêdhêng sumêrung | lombok jêpan timun kêrai | lalaban gugudhangan | nikir dewadaru | yèku karya lalawuhan | ingkang èstri tan darbe kunung kardi |[5] mung rencang sawatara ||

7. kadwinira dahat ing pangèsthi | lamun ratri nendra tan piraa | tajin dhahar miwah sare | agung subratanipun | dahat dera sru mati ragi | sagunging kang pakaryan | yayah karya sintru | unggyanira muja brata | aywa kongsi sinigênan sagung janmi | mrih hayu kang pinanggya ||

8. sayêktine nadyan tan kasait | nging tinampi kanthi sabar drana | sinamuning sêmu sarèh | mangkya ingkang winuwus | Ya Nyai Jagasura marêngi |[6] wahyaning mangsa kala | sayêkti yèn sampun | ngandhêg kandhuhan subrata | sumarmèku barang karya angêndhoni | luluh lêsah kasulah ||

9. lamun dalu tan nendra kapati | siyangira lêsu kasayahan | anging sinamun sêmune | bawaning wawrat sêpuh | sêmpoyongan tan jênak linggih | mara marêk ring priya | puwara sru muwus | dhuh adhuh sira wong priya | paran baya benjang praptanirèng wanci | jêr ingsun wawrat tuwa ||

10. saka mantyan[7] rudahing tyas mami | katatangi tangèh yèn tataa | dupi sumandhang mangkene | gênah tan bangkit minggu | yèn rinasaa wawrat tan iki |[8] baya tan bêrokohan |

--- 3 ---

dêstun têmên idhup | mirip lir caraning rucah | sapa baya kang milala amêlasi | maring wong sudra papa ||

11. Kyai Jagasura alon angling | dhuh wong wadon pan ora kayaa | abote wong nora duwe | barang pambudi kadung | mung kaduwung garantês pikir | mulane aja sira | tumlawung anjêtung | dèn yitna kandhutanira | jinagaa aywa nganti darbe kapti | kadêrêng hardèng driya ||

12. têmênira tumètès nêrusi | sagung cipta kang musik kadriya | marang kang kokandhutake | lamun macipta hayu | yêkti bangkit kabangkat bêcik | nanging kalamun sira | ndanak[9] nyipta dudu | dadine sida kadayan | ing laksita kadya ingkang sira èsthi | gênah yèn tanpa guna ||

13. haywa samar kumlawaring kapti | iku dudu ciptaning kawula | wênange amung sumendhe | Pangeran kang maha gung | sipat murah lan sipat asih | tandhane gênah ana | nguni Ki Agêng Tarub |[10] tan pêgat ing puja brata | kang pininta canggah warènge ing wuri | mugyantuk kanugrahan ||

14. praptanira Panêmbahan swargi | iya iku kang winahyèng mangsa | tulus lumintu saprene | pan maksih tumaruntun | dêrajate gung sugih singgih | mêngku mulya wibawa | kang wadon sru muwus | bênêr tumrapèng ngawirya | balik sira lan hamba trah kawulalit | tangèh manggih awirya ||

15. paran bangkit darajate luwih | janma papa pidak padarakan | mokal bisa dadi gêdhe | apapa [apa...]

--- 4 ---

[...pa] pancènipun | ingkang priya sasojar malih | sanadyan trahing rucah | [...] | jare luluhuring kuna | samya dadi abdine sri narapati | mêngku mêngkoni bawat ||[11]

16. sang siptèku wong wadon samangkin | payo mêsu muji puja brata | supadi kandhutan kiye | binudi dadi luhur | angluluri luluhur nguni | miwah ngiras kinarya | ngayêm-ayêm kayun | supaya anggawa bêgja | sapa baya kang wikan wêkasing wuri | manawa tinarbuka ||

17. somahira marêm duk miyarsi | babasane sêmbur-sêmbur adas | manawa sambada têmbe | sayuk tyas sabayantu | sakarongron saeka kapti | yèn ratri samya kadhar | nèng latar manêkur | yèn siyang amung raramban | nora ketang nadyan bukti jangan mênir | narima datan ngangsa ||

18. sing sêruning dera amarsudi | dupi dalu nujwèng gara krêsna | guling lumayap karone | ing wanci gagat bangun | amanoni supênan kèksi | akèh kahananira | andulu sitèngsu | marêngi candra purnama | tinon cêtha andulu teja kakalih | munggwèng agraning arga ||

19. lawan wontên kêkuwung sawiji | munggwing [mung...]

--- 5 ---

[...gwing] mega jadha gya sinarab | dening rêmbulan srêngenge | candra manulya tarung | pan kakuwung sasi katitih | kukuwung kang jayèng prang | tumulya gumulung | bundêr dumadya sasangka | nunggil surya kahanan roro matunggil | satu munggwing rimbagan ||

20. tangi nendra ngungun tyas kakalih | de mangkana ing supênanira | langkung elok sayêktine | paran wahananipun | têmah ngungun kampitèng kapti | kang èstri Jagaswara | mring kang priya tutur | paran kang dadya wahana | Kyai Jagaswara aris amangsuli | lêlah lir mêgat nyawa ||

2. Mêgatruh

1. èh wong wadon de iki elok kalangkung | amba durung amanoni | lawan iya durung ngrungu | mung kiraku luwih bêcik | dene sakathahe sorot ||

2. lah sidhêmên bae ywa kongsi kawêtu | yogya tinitèn pribadi | binatangna mring wong putus | yèn apik têkabur kibir | yèn ala mung ngondhok-ondhok ||

3. pangganthaning ciptèku mahnani wujud | dadi panyana katampi | munggwing pramanèng pandulu | marmane sing nora dadi | dadya tom-tomên kemawon ||

4. nanging rèhning wus gênah datan ginayuh | sasmitèng supênan iki | wênang wajib dèn susuwun | dadiya wahana bêcik | murakabi wong sakloron ||

5. kang winarna mèh jangkêp praptèng lèkipun | winilis dus sangang sasi | kiranga pan boya dangu | sayêkti bakal bayèni | karongron raras wirangrong ||

6. tambuh-tambuh binudi datan kêpangguh | mayatna supênan nguni | kadwi lir koncatan sêmu | nadyan sinamun ing manis | darpaning driya mung gawok ||

7. dupi sampun andungkap ing mangsanipun | Jagaswara jalêr èstri | lagya karênan alungguh | katamuan sanak prapti | rawuhnya kering wong loro ||

8. bokmas Bèi Sudiradirja kang sêbut | somahing abdi kinathik | mantri êmbaning sang Prabu | Kadipatèn kang piniji | saos ing ngarsaning katong ||

9. kering rencang karo ngirit buruh pikul | cinacah sakawan janmi | kang wadon karo nèm sêpuh | sawiji anggendhong sênik | de kang tuwa nyunggi tenong ||

--- 6 ---

10. kadwi buruh ngrêgiyêk amikul brêngkut | ambêkta wos dèn wadhahi | anèng bagor bago buntu | labêt isi warni-warni | kacang kadhêle lan lombok ||

11. jajanganan êso kasêlanan sukun | gugudhangan karo gori | pête ceme dewandaru | kangkung kinanthèn kênikir | kêmangi kawor jalegor ||

12. ingkang wadon bêkta ratêngan sadarum | panggang tumpêng ulam têrik | kèndêl sajawining gubuk | lininggihkên lincak cilik | sakeca dènira ngaso ||

13. gupuh-gupuh dupi nyai Jaga wêruh | tandwa ing ngancaran[12] nuli | lah adhi suwawi malbu | mring gubuging raka ngriki | kang pindha wismèng pagupon ||

14. lowung-lowung nadyan wujud kadya sudhung | Nyai Bèi wus umanjing | lan rowange linggih salu | dhadhasare widhik garing | gêdhège bêdhah ting crowong ||

15. Bali Jagaswara atur pambagyayu | rawuh paduka basuki | kadingarèn ngênthu-ngênthu | tuwin bêkta saputranti | mêntah matêng ambêntoyong ||

16. kang prasasat kados nyumbang tiyang mantu | paran kang dadi wigati | Nyi Sudiradirja gupuh | maluyèng wacana aris | dhuh bakyu mênggah ponang wos ||

17. gih rahayu manggyarja sadayanipun | anggèn kula parlu mriki | rumiyin tuwi bakayu | lan kakang de sampun lami | lam-lamên lamatan tumon ||

18. ambaka dwi nuju kalanirèng dalu | jroning guling ambing ngamping | lir sawantah sung pitutur | kula kinèn tulung bayi | mring palarlêgèn kang manggon ||

19. kawlas asih dèn tulungana pakantuk |

--- 7 ---

ana wawalêsing wuri | kula kèngêtan yèn bakyu | mangandhêge wus winanci | wangunipun wus mèh miyos ||

20. Nyai Jagaswara myarsa suka ngungun | nuli gêntos awawarti | duk ngimpi kalaning dalu | puwa[13] madya amungkasi | bok Sudiradirja dongong ||

21. hing puwara manabda dhuh-dhuh bok ayu | dadine duradasihi | têka tumuju ing ngênu | anane wahana iki | marma tinitèn kemawon ||

22. nanging rèhning bok ayu pambobotipun | kados wus tumêkèng wanci | prayogi nut kaul ruhun | sarana dipun sarati | dèn mumule tigang pangkon ||

23. kang sapangkon sêkul rogoh warninipun | sêkul liniwêt nèng kêndhil | ulam-ulamane kutuk | kinêpung wong lima iji | sakêndhilira kemawon ||

24. pambagène rinogoh panyakupipun | ulame binage wradin | brêkatan sapandum-pandum | marang wong kalima iji | winadhahana nèng kroso ||

25. kaping kalih jênang procot wujudipun | jênang cacad dèn santêni | mawi kinoworan[14] juruh | kupat luwar kang kaping tri | mangkono umum linakon ||

26. wêwahipun bok ayu sadaya wau | kula ingkang anyaiti | angsal-angsal kula sampun | kados botên nguciwani | mêntah matêng wus mirantos ||

27. tandya nyêluk rencang ingkang thênguk-thênguk | manganti sajaban panti | kinèn anglêbêtkên sagung | ribut bikut ambêktani | gagawan binuntêl bagor ||

28. kalêksanan sampun kinamulèn rampung | Nyi Jaga krasa nglarani |

--- 8 ---

jinagênan dening dhukun | tangga têparo kèh prapti | wênèh ana ngêsog-êsog ||

29. Kyai Jaga nyundhang nyêbul êmbun-êmbun | dhukun jaga kanan kering | jabang bayi luwar sampun | sarowang bisa basuki | kayuwanan mijil wadon ||

30. sulistyayu ngunguwung praba sumunu | tandya gupuh dèn sucèni | cinêkak pangrukti rampung | sampat palêstha nir wèsthi | karya kalêganing batos ||

31. tangganira kang rencang rêsêp sadarum | jalwèstri ngangkati kardi | sumaguh suka gumuyu | dene rowang sing nagari | cakut-cukat cakcêk ngrêtos ||

32. wadon adang ingkang priya ngrukti kayu | wênèh ana kang ngraracik | godhok wedang ngambil ranu | adusi nadyan wus nyait | sadhiyan pisuguh dhayoh ||

33. para sêpuh ing palar rêsêp rumêngkuh | asih marang bok mas bèi | Sudiradirja samya mut[15] | priyayi tanggon majibi | kukuh karênan kapokoh ||

34. watêk pradhah agahan sugih pangeguh | nadyan tan kagolong sugih | andhadha budine cukup | mahambèk marta martani | wêlasan maring sagung wong ||

35. lila lamun kelangan nora gêgêtun | samargane dèn jurungi | maring kang murbèng tumuwuh | kinasihan ing sang Aji | têpa palupine manggon ||

36. lan sinihan maring pramèswari Prabu | dera mugên maring kardi | mring sanak rêsêp rumêngkuh | rumakêtan songga runggi[16] | sêpuh anèm tyas cumondhong ||

37. pan ing ngriku nadyan gubuk pinapatut | tinata mrih dadya sari[17] | rêsêp tiningalan patut | barukut tur wimbuh rakit |

--- 9 ---

raras rêsêp yèn tinonton ||

38. wus binorong repote parlu sadarum | têmah sampat angrampungi | langkah sing sapêkênipun | Suradirja asung nami | sinobyangkên sakèh uwong ||

39. sinung nama rara Mulatsih sinêbut | dene yayah rena ugi | marabi si rara Bêruk | karya sukèng kang miyarsi | angguguk gargêr[18] guguyon ||

40. marma Bêruk mongka pèngêtan ing besuk | apan sanès Bêruk jampi | inggih sanès Bêruk ranu | krana nalikanya mijil | bruk-brukan barang lumados ||

41. saking tangga myang bok bèi sih kalangkung | iyêk sayuk seka kapti | kurangan bangkit cinukup | boga busana mêpaki | têmah karya karahayon ||

3. Sinom

1. bok bèi Sudiradirja | mring ni Jagaswara angting[19] | bok nyai lamun sayoga | kalawan kakang kiyai | sutanta nini bayi | inggih kula ambil sunu | manawi agêng benjang | kaêtêrna mring nagari | eman-eman lamun wontên padhusunan ||

2. sokur wontên madyèng pura | sinêrêpkên silastuti | mrih parigêl solah bawa | kados caraning priyayi | yèn kalantur nèng ngriki | mung anut caraning dhusun | benjang yèn darbe bagya | sagêt[20] laki lan priyayi | bok manawi bangkit ngayomi wong tuwa ||

3. Jagaswara kadwinira | taman lênggana ing kapti | kapadhan sumanggwèng karsa | maring parimarmèng rayi | rèh rinop karoban sih | tandya kadwinya umatur | inggih mangga kewala | benjang lamun ngancik wanci |

--- 10 ---

èstu muhung mêstuti ngèstokkên têdah ||

4. bok bèi Sudiradirja | pamit kundur mring nagari | lawan sarowangnya pisan | Jagaswara tumulya ngling | ingsun dhèrèk basuki | amung sagung lêpat ulun | sampun kirang aksama | amba dahat karoban sih | pindhanira ulun wus tinambak nyawa ||

5. bok bèi Sudiradirja | mangkat kering para abdi | Kiyai Jagasuwara | nguntabkên sajaban panti | sampun kapêthuk dening | para abdi karo jalu | praptaning jawi rangkah | Ki Jagaswara jalwèstri | wangsul maring wisma hascaryèng wardaya ||

6. lulus lêstari mong suta | sanalika wus anyait | sakeca ing gêsangira | mulur sarênti umintir | labêt wus dèn pawiti | mrih makarya kang pakantu | ywa ngantya kontrak-kantrak | kasrakat gêsangnya kontit | pirang bara bangkit cukup andrêbala ||

7. dadya srana mayarira | priya mugên mêmpêng tani | danguning antara warsa | nulya sagêt karya panti | gandhok kandhang pandhapi | majiki karas pakantuk | lawan nêbas kalapa | dêrês lêgèn sabên ari | de bok Jagasuwara ing sabên dina ||

8. baku bakul gula klapa | bathinira dèn cèlèngi | rêjêki ajêg lumayan | sagêt tumbas mesa sapi | antawis kalih rakit | kinarya garu maluku | lawan kang pakarasan | tinata amarik-marik | bêthèkira jinaro lawang gêbyagan ||

9. kathah ingkang tumut misma | sinunggwaning magêrsari | sarina saratrinira | jinaga jalma jalwèstri | dene atmaja èstri | kalangkung dèn uthun-uthun | sandhang pangan tan kirang | Rara Bêruk praptèng wanci |

--- 11 ---

ngumur wolung warsa rêmên papasaran ||

10. lawan kancane dolanan | rèhning rênanya samangkin | wus rada nyait watara | cahyanira katon manis | nêtêpi ing prajanji | ingatêrkên ibunipun | bok bèi Diradirja | praptanira ing nagari | pinasrahkên tinampèn tan wancak driya ||

11. wontên ing Sudiradirjan | tinuntun ing tata krami | lampah dhodhok sêmbah sila | lan patraping angladosi | miwah raracik sirih | myang lagon laguning luhur | susila anoraga | ruruh pangucap titis |[21] dhèmês luwês ing solah trapsila |[22]|

12. bok bèi muryèng warsita | gêndhuk sira dèn satiti | surti ngati-ati lirnya | waspada sawiji-wiji | ngijir wijang jinangji | aja para cidrèng wuwus | gêmi anggêmènana | aywa brah-brèh boborosi | ingkang mugên rigên sagung barang karya ||

13. surti wêruh dunungira | mungguh lire ngati-ati | aywa kongsi karusakan | sabarang kang dèn prêtèni | kalamun sira ngabdi | kapracayan ing wong agung | aja pisan sêmbrana | watêke lalèn tan apik | wêkasane dadi tuna ing panjangka ||

14. jlimêk dera sung wiyata | sira ni nyai ngabèi | Sudiradirja mring suta | pulunan kang linut saking | kambil putra krana lit | wus mrasuk sih trêsnanipun | manjing têlênging driya | mila datan wigah-wigih | rara Bêruk tan beda panganggêpira ||

15. maring bok Sudiradirja | wus kadya rêna pribadi | lama sangsaya kaharsan | maring tataning nagari | tindak cara priyayi | solah muna-muni patut | balik caraning desa | mung sapalu anggêr bangkit |

--- 12 ---

yèn wêruha kasmaran tataning praja ||

4. Asmarandana

1. wauta kyai ngabèi | Sudiradirja samana | tan prabeda pangrêngkuhe | dènira angakên putra | mring sutèng Jagaswara | kasok sih wilasa kaduk | kadya atmaja priyangga ||

2. ri wusing antara warsi | bok bèi Sudiradirja | sowan lumêbèng dhaton |[23] marêk sri nata dayita | Kangjêng Ratu Kancana | ugyasma Kancana Wungu | asli asal sing mênangan[24] ||

3. punika putranya putri | Pangeran Harya Dipamênang |[25] bangsa Madura sangkane | prênah bok ayu Dyan Harya | Êndranata Wrêsnindra | Jêng Ratu samana nuju | pinarêk cèthi parêkan ||

4. cinandra Jêng pramèswari | tarincing lurus alancap | tarampil kêsit galihe | patitis tata micara | tan ana kang rininga | nadyan raka Jêng Sinuhun | among ering maring garwa ||

5. ananging wau bok bèi | kajawi somah ing êmban | juru madharan karaton | tampi sêrèn timbangira | lan Nyai Ciptarasa | pundhuh ing sabarang kayun | ngênêrkên cipta cintaka ||

6. awas dera mariksani | praptèng mbok Sudiradirja | kang sumiwi gya dèn awe | mabukuh konjêm bantala | rara Bêruk tut wuntat | Kangjêng Ratu ngandika rum | yayah madu pinasthika ||

7. lajua ing ngarsa mami | sira mbok Sudiradirja | njanur gunung kadingarèn | sira dèn aringkên[26] rarywa | wadon kapênêr apa | rupane raras apatut | sithik kau solahira ||

8. munjuk alon maluyèng sih | punika pulunan amba | lare dhusun Palar Klêgèn | sampun wiwit alit mila |

--- 13 ---

kawula ambil suta | anama pun rara Bêruk | sutanipun Jagaswara ||

9. krananira akikinthil | supadi bangkit kulina | wikan ring tata karamèn | malah bilih kinabulna | yêkti rare punika | ulun saoskên Jêng Ratu | maka parêkan surendra ||

10. Jêng Ratu dhangan inggalih[27] | èngêt bèi Diradirja | kakasihing raka Katong | Kangjêng Ratu lon manabda | bibi umure pira | turipun sawêlas taun | inggih lumampah punika ||

11. sasampunira dèn tampèni |[28] piniji tunggil palara | kang kagolong maksih lare | rinèh sinrèhan pakaryan | madyaning dalêm pura | têngah jogan sapu-sapu | marêk sri nata dayita ||

12. datan lingên dera ngabdi | samana ingkang winarna | uwus kanggêp suwitane | wikan wadining sasmita | limpat pasang graita | trampil wêweka putus |[29] mawèh karênaning driya ||

13. sangsaya sulistyèng warni | wiraga raga karana | kèwês luwês sasolahe | tan mantra wijiling desa | yayah prabèng sudama | ngasorkên para rum-arum | tangèh tan ana miriba ||

14. mendah lamun yèn winanci | tumêkèng mangsa dewasa | yêkti tan ana tandhinge | samana winursita |[30] nuju ari sajuga | kadadak ing wanci dalu | nendra nunggil madya pura ||

15. nèng kajogan jêro puri | de Jêng Ratu sareyan |[31] munggwing gêdhong prênah kilèn | winastan ing madurêtnan | lajêng sumambêtira | sagung putri nyi tumênggung | nyai lurah saandhahan ||

16. sinambungan para nini | êmban katanggung parêkan | kang nendra ing dalêm gêdhe | atarap jajar urutan | pra wanita sadaya | nora nana janma kakung | tarlèn mung Jêng Srinarendra ||

--- 14 ---

17. amung kalanirèng ratri | ingkang wênang manjing pura | capuri jaban karaton | muhung bupati kang nganglang | jaga yitnèng drawala | kang caos kalaning dalu | liya punika tan kêna ||

18. maatma Jêng sri Bupati | wanci lingsir wêngi arsa | miyos saking dalêm gêdhe | sagung putri anggêlasah | kapati dera nendra | tindkira nata laju |[32] unggyanira pra wrêdha |[33]|

19. tan wontên kang wungu siki | nêrajang gèn rare kathah | dupi praptèng panggonane | rare Bêruk mirsa praba | kagalih lamun wêrna | ing pusara manjêr murub | kampir ta Jêng sri Narendra ||

20. rèhning nujwèng madya ratri | ewuh aya ing budaya | manawa ta karya kagèt | kenging panggrayangan cidra | dadya mung wastranira | pucuking poncot pipinjung | binundhêlan karya tandha ||

21. narendra gya wangsul malih | tanana janma uninga | tarlèn mung sang nata ijèn | wusnya lênggah parêsêban | tandya datanpa nendra | arsa mirsa nyatanipun | wahanane kaelokan ||

22. mangkana dupi byar enjing | kang nendra wungu sadaya | andum gawe dhewe-dhewe | mbok bèi Sudiradirja | tinimbalan sri nata | marêk pinaringan dhawuh | ngulari aniti priksa ||

23. kang nendra kalaning ratri | kêmpal kinumpulkên sigra | winijang niji jumèjèr | wastra ingkang mawa tandha | ciri mawa bundhêlan | iku supadi rinuruh | sintên baya dèn kapanggya ||

24. ri wusing tata tiniti | sagunging para palara | pinariksa dhewe-dhewe | tan pantara wus kapanggya | wastra kang winawènan | tinêmu pan rara Bêruk | mbok bèi kagyating driya ||

25. gêla dhêg-dhêgan inggalih[34] |

--- 15 ---

kinira yèn laku cidra | wasana nabda pamase | maring ni mbok Diradirja | bibi bocah bubarna | sidhêmên haywa katrucut | pacuh ana[35] wara-wara ||

26. warana winur winadi | singa dèn ana sing bisa | watak wantune tyang akèh | bisa gawe gora godha | mbok bèi Diradirja | dèrèng tanggap ing sêmu |[36] ring ngandikèng Jêng Sri Nata ||

5. Sinom

1. nrang sandining kang wacana | mbok Diradirja winangsit | wadi kang sinamudana | marma wastra dèn cawèni | bundhêlan karya ciri | kawiyat mênganing wahyu | wahanèng kawiryawan | wahyuning karaton Jawi | pusêrira murub dumilah sumunar ||

2. mangkana sabda Sang Nata | nêdhêng janma samya guling | lir kênèng pangaribawa | prabawaning wahyu kaping | ing lir rèh wahyu batin | dadya kang cêtha sinung wruh | tarlèn ingsun priyangga | ingkang antuk sasmita di[37] | nora kêna winêdhar sandining tandha ||

3. mbok bèi Sudiradirja | miyarsa trang ing sabda Ji | kadhadha raosing driya | mangungun ngunandika ris | dadi tan ilang yêkti | gyaningsun bêcik ki Bêruk | mbok bèi ring saksana | lèngsèr saking byantara Ji | amêgati samarga mung anggupit |[38]|

4. wau ta Jêng Pramèswara | sadangu nira[39] miyarsi | andikaning raka Nata | mring mbok Diradirja kadi | mimisik masmu wadi | marma munjuk raka Prabu | Gusti dhawuh punapa | capêt-capêt ulun myarsi | kados wados kawiyos namung raosan ||

5. ngandika Sri Naranata | aris dhinamis panglamis | mrih marêm mirêng swamindra | tan ndadra dêrênging galih | wruhanta dhuh-dhuh yayi | dadiya ing sumurupmu | duk ratri ingsun murya | arsa turas mijil jawi |

--- 16 ---

durung kongsi prapta ing prabasuyasa ||

6. miyat kang nendra galasah | wor suh gyaning kang rarywa lit | ana kagrêmêtan wrêna | risak sana[40] guguh[41] bibi | mbok Diradirja yayi | prênahe rarywa kang turu | iku dèn têngêrana | binundhêlan ingkang tapih | mrih tangine gampang yèn ta ingupaya ||

7. tapihe dèn brêsihana | kang ngantya rêsik sayêkti | lêpiya iluning wrêna | yèn ta nganti nglèlèti daging |[42] wuri bangkit nêmahi | raga barah badhêg budhug | puwara ingkang kêna | jêbul si Bêruk pribadi | bibisikku mring bibi aywa kêbabar ||

8. mundhak kaliru ing tampa | dinyana panggawe silip | calang sêlêr calimutan | wit anake tyang kinathik | pinarêk ngarsèng Ji |[43] kadyèku ingsun asung wruh | wau Jêng pramèswara | ring sabdaning Sri Bupati | kêdhap kilat hujwala sinukmèng driya ||

9. ananging Jêng Pramèswara | lir ginarit sotyèng galih | sinamuning samudana | tan kaworyan[44] madal sumbi | sumbuting kang pambudi | ngèstu ngstuti mituhu |[45] dhawuhing raka Nata | rinuntut runtuting kapti | tinahênan darunaning tyas wigêna ||

10. mbok bèi praptaning wisma | papajar marang ing laki | kahananing kaelokan | rara Bêruk duk ing ratri | purwa madya mungkasi | kang priya miyarsa ngungun | aris dènnya wacana | yèn mangkono ni mbok nyai | lakon iki pan boya kêna linamba ||

11. sanadyan antuk daulat | kabêgjane durung yêkti | lamun ora kabênêran | sirantuk rantaman batin | saking Jêng Pramèswari | rarase tangèh yèn runtut | ing purwa panêdyarja | rêncanane sring ngrawuhi | têmah tidha dhadhasare laksitarja ||

--- 17 ---

12. kasaluru lêkasira | gyanira ngabdèkkên nguni | pinurih manjing jro pura | kawêdharing kêdhap liring | larape nglêlèpèti | wong nêdya yu têmah kontung | sayogya yèn mangkana | supaya tan songga runggi[46] | sutanira yogya pininta kewala ||

13. sêngadi sinamudana | mangkya wontên kang nêngêri | dadya kinarya sêkaran | anèng wismaning sudarmi | têmah sira lan mami | babasan nèng tilasipun | abot wong ngawula |[47] kabubuh binêndan gusti | luwih ewuh lamun ora kinuwayan ||

14. kang liningan tan suwala | anut pratikêling laki | sanès dintên linaksana | umarak marêk Jêng Sori | sarana angunjuki | dhadhaharan lèmpèng satus | wajik juwadah jênang | sabuk gêdhang opor pitik | munggwèng krênêng pèni prênahing panata ||

15. tinanggapan Jêng Iswara | bibi lajua linggih |[48] iku olèh-olèh apa | sajake nyênêngkên ati | apa karya pribadi | apa saka sadulurmu | ingkang ana ing Palar | mbok Diradirja turnya ris | nuwun gusti lêrês ing sabda paduka ||

16. dhasar saking kadang amba | supados katur Jêng swami | sèwu minta pangaksama | labêt labane tyang alit | kaduk ing dugi-dugi | cumanthaka kami purun | mulang saking kumêdah | kadaya dêrênging kapti | pati-pati ngunjukkên barang sapala ||

17. ngandika Jêng pramêswara | bibi kang mangkono yêkti | nêtêpi caraning kuna | nora nganggo kêdhah-kêdhih | amung lugu maligi | sajatine bênêr iku | tandha yèn asih trêsna | baya andarbèni pamrih | sesa-sesa mung anèng bêndaranira ||

18. bênêre pamikirira | nora ana kang mangêni | matur ni mbok Diradirja |

--- 18 ---

kaluhuran sabda gusti | jêjêr kajating dasih | anggènipun atur-atur | rumaos kagadhuhan | siti kagunganing gusti | anêtêpi ing babasan seba karang ||

19. ngandika Jêng pramêswara | mangkono misih nêtêpi | dene kang taman rumangsa | ngampil bumining Narpati | limut lalu ngliwani | panganggêpe bumi iku | darbèkira priyangga | tan mèngêt mring kang majibi | nulya mbêrung kadarung dêrênging driya ||

20. tan yatna ing purwanira | dadi wêwêngkoning aji | yèn winêlir tan sajar |[49] manah suwala nyalahi | pae yèn wus mangrêti | tan ana pradondi rêmbuk | luhur kalawan andhap | mung duga-duga prayogi | marikêlu mbok Bèi mangèstu pada ||

21. dupi sampun sapantara | larap liringe naya di | kawahya ingkang sinêdya | dhêngku[50] konjêm matur aris | dhuh Kangjêng Pramèswari | wontên atur kang tumatur | sakêthi nuwun lêpat | tinêbihna tulah sarik | nini Bêruk yèn parêng pininta mêdal ||

22. sanadyan dèrèng diwasa | sampun wontên kang nyawèni | kalêrêsan kapriyangga | Kangjêng Sori manabda ris | ingkang mangkono bibi | watak wantuning tyang dhusun | sih alit kinramakna | nanging mbokya aywa dhingin | sotaning tyas pan dèrèng marêm diparak ||

23. iya lagi sapiraa | unggyannya ngabdi mring mami | matur mbok Sudiradirja | gusti ywa sandeyèng galih | nadyan samangkya mulih | gusti lamun wontên parlu | pun Bêruk èwêt napa | prayogi dipun timbali | mbotên ketang nêrang-nêrang bêrangkangan ||

24. jêng swami panujwèng karsa | taman kawasa gondhèli |

--- 19 ---

dhasar sêmanging wardaya | kaelokan kang winadi | pangandikanira ris | bibi yèn mangkono ingsun | jumurung ngayubagya | kabêgyanira pribadi | besuk apa si Bêruk mantuk mring desa ||

25. sumangga gusti sakarsa | kawula muhung ngastuti | Jêng Ratu sasmitèng kênya | êmban parêkan myang cêthi | ngusungi olèh-olèh |[51] pinanggènakên barukut | mundur mbok Diradirja | ing ari antara malih | rara Bêruk mantuk mring Sudiradirja ||

26. kering konca kancahannya | bêkta ganjaran Jêng Sori | rasukan kasmêkan wastra | tigang prabot saput pranti | sêngkang gêng tigang rakit | supe miwah kancing gêlung | arta satus rupiyah | mbok Diradirja nampèni | tandya lèngsèr mijil saking purantara ||

6. Mijil

1. Sri Narendra kakênaning kingkin | kinêkêr binatos | mring rara Bêruk wuse salèngsèr | dèwi slêngis wêngêsing cahya di | rênyêp-rênyêp kadi | sudama dinulu ||

2. susunare kang waktra nyênêni | jatmika kinaot | dhêmên luwês satandang tan wadhèh | beda lawan nalikane prapti | kaune mrak ati | dèrèng sarwa kaduk ||

3. dupi sampun antuk wuruk yêkti | lama nèng kêdhaton | karya gênging kasmaran pamase | rudahing tyas kontram nabêti |[52] tita yèn katitik | dera manggung wuyung ||

4. marmanira mosik jroning galih | wahyaning wiraos | sèwu datan nyana lan andipe | puspa palar milah malahi |[53] ngasorkên absari | sagung arum-arum ||

5. sêmu sêmang mentar madyèng puri | umire mablongot | ingsun duga karasan nèng kene | tan kurangan sabarang kaprêti | tur mrêta samèni | tinata mrih patut ||

6. eman-eman lamun angoncati |

--- 20 ---

yêkti kaparandoh | ingkang mirib si Bêruk rarase | wus ngèmpêri darahing ngasinggih | ingsun pupuji |[54] manggiha rahayu ||

7. waktra kontra gumana kaèksi | sêkaring kang sinom | nora nana kang tumandhing manèh | sor prabawa kukuwunging puri | sagung para putri | mawêlu dinulu ||

8. sangsayarda darpaning makingkin | Kangjêng Sanga Katong[55] | wus gumêlêng gumulung galihe | mung èwêt ring garwa Sang Garini | marma sring sêngadi | têdhakan sang Prabu ||

9. ring sanggrahan pura taman sari | amanggihi yayoh[56] | bangsa prasman[57] paran wigatine | Jêng Iswara aturira ririh | punapa tan kanthi | Risdhèn têdhakipun ||

10. raka Nata tandya ngandika ris | pasthi kang mangkono | sagung rêmbuk tan tilar Residhèn | malah mêngko antaraning ratri | ingsun arsa panggih | Risdhèn nyandi laku ||

11. murih wikan wadining kang prapti | janma kang mardhayoh | dadi bisa ingêre rêmbuge | Pramèswari tan andugèng kapti | karsanira Aji | jinurung sakayun ||

12. dupyantara wêngi mentar aglis | Kangjêng Sanga Katong | tanpa abdi sinandi lampahe | praptèng taman manjing gêdhong gupit | tangkêp tutup kori | dhawuh mring kang tunggu ||

13. sagung pintu yogya sira kancing | yèn ana kang takon | ingsun lagi manêkung panêpèn | punakawan ingkang jagi kori | samya mangastuti | pangandikèng Prabu ||

14. kawarnaa sang nata duk manjing | angêndhêm nèng gêdhong | katatangi dera gung wirage | maring nini rara Palar nguni | dene dèrèng kongsi | kasêlak katrucut ||

15. wiwal saking sajêroning puri | puwara ngalih nggon |

--- 21 ---

sanityasa katongton citrane | lir kapadhêt pêdhut naputi |[58] andhêdhêt makingkin | kang ngênani kayun ||

16. jatmikane langên milangoni | sêmuning pasêmon | sulistyandah[59] dumilah asumèh | sarira tri tan tuwuk umèksi | mangkin tanpa siring | sêruning mawuyung ||

17. pindha lena ingkang tanpa kanin | wau sanga Katong | anggung minggu ruhara wirage | katatangi sotaning tyas yêkti | garjita ing galih | wiyosing sabda rum ||

18. mbok Sudiradirja wus sun wangsit | sasandi winados | apa lali mring si rara Klêgèn | de pininta mantuk maring dèsi | tan tolih ing mami | mamanas manah kung ||

19. bênêr bae datan sidhang siring | nanging kang mangkono | êmbuh lamun wruh kêdhap liringe | mring mbok Ratu pasanging naya di | dadine pradondi | ywa kaparan tutuh ||

20. lamun ana cêlane Jêng Ami | sayêkti kapopoh | marmanira kinuwayan ing rèh | yèn wong tuwa tan kurang pamikir | mung ingsun pribadi | kang sêlak kasusu ||

21. tan kawarna gyannya Sri Bupati | mêmpên madyèng gêdhong | dupi miyos warci sampun lungse | praptanira sanjawining panti | miyat ing wiyati | pêtêngnya kalangkung ||

22. sitarêsmi tan mijil mrabani | krana nuju panglong | kang kadyèku pindha tyas pamase | dera lagya ginilut ing kingkin | ruwidèng tyas yêkti | sêkung manggung wuyung ||

23. sêpi nyênyêt tidhêm kang kumêlip | minggu tanpa rungon | pêtênging ratra wimbuh mawèh |[60] manabêti tambahing wiyadi | yayah bawana di | koncatan ing sêmu ||

24. tarlèn siki lintang panjêr ratri | sisinar sumorot | ngasorakên kartika sagunge |

--- 22 ---

tanpa timbang tan sesa tumandhi | lir tungguling wêngi | cênèthi lyanipun ||

25. Sanga Prabu karênan ing galih | mèsêm myat pasêmon | kang sumimpêm[61] mungging sanepane | panjêr ratri sumunar nêlahi | lawên milangoni | lir dayitèng dalu ||

26. nulya kondur maring dalêm puri | jujug Kradènayon | Kangjêng Ratu marêk ing ngarsane | ingkang raka Kangjêng Sri Bupati | anungsung pawarti | wartane tinutur ||

27. lan Residhèn pan dados wadi |[62] ngandika Sang Katong | wong ing Prasman praptane marene | iya amung sung kabar basuki | têntrêming prang mangkin | lan Ngayogya rukun ||

28. wus tan ana kang winalang ati | rumojong sakloron | kana-kene yêkti samya darbe | nanging aku mring wong Prasman iki | kinèn mrayitnani | iya sabên dalu ||

29. ingaturan ajêg têdhak Loji | Parisdhènan êlor | sru gumolong agilig rêmbuge | wit wong Prasman rada nyalawadi | Jêng sang Pramèswari | miyarsa sru ngungun ||

30. tan tumanggap sandining raka Ji | marma mung rumojong | saking bangkit lawan tarêtipe | dènnya ngripta sasananing wadi | gantya kang winarni | wau lir pinucung ||

7. Pucung

1. rara Bêruk lan mbok Bèi sampun rujuk | anèng Diradirjan | lêjar pajaring sakapti | datan kirang pangruktining saniskara ||

2. karana tuk ganjaraning sih pakantuk | saking Sri Narendra | myang saking Jêng Pramèswari | dora cara karoban ing busanarta ||

3. Jêng Sinuhun duk miyarsa gêlaripun | kang sandi upaya | sakarone ing panggusthi | guthitane gêthêtan Sudiradirjan ||

--- 23 ---

4. luwih alus dènira pasang pangêlus | sasadoning lêkas | tinata têmên tarêtip | kalêthêke kanthi kêdhap lawan kilat ||

5. gupuh-gupuh Sinuhun gya paring dhawuh | sandi paring patra | rara Bêruk kang supadi | lulus mukti wontên ing Sudiradirjan ||

6. praptèng taun rara Bêruk umuripun | gangsal wêlas warsa | wus nêdhêng nutuk birahi | dhasar ayu karêngga dening busana ||

7. wanda lurus galenoh sarira lurus | kuning maya-maya | parigêl dhèmês tur manis | rikma mêmak mêmês mêlês ngendrawila ||

8. sinomipun marawe-rawe maruwun | raras ngarawitha[63] | athi-athi ngudhup turi | palarapan pindha cêndhani rinepta ||

9. linut bayu sayêkti amawèh sêmu | kuwunge guwaya | sarawungan anyênêni | imba mêlês ngalela nanggal sajuga ||

10. idêp runtut tumêngêng tawang sru patut | liyêp ponang netra | yayah sotya sinarwèdi | grana rungih wadana pindha sasangka ||

11. Jêng Sinuhun kasêmbadan ing sakayun | parêngirèng mangsa | sakaro-karoning tunggil | jalarane kang wahyu lawan nugraha ||

12. Sanga Prabu kaparêng rawuh tinamtu | mring Sudiradirjan | tan ana malang atèni | pan Narendra ing sakarsa mung sêmbada ||

13. dangu-dangu kapiyarsa Kangjêng Ratu | lamun raka nata | sisip kasasaban sandi | têdhakira sayêkti manawung karsa ||

14. panggya Bêruk kadakwa sêngsêmnya kaduk | Sri Nata dayita | sru dahat sêngkêling kapti | sru manabda hèh mbok bèi tan kayaa ||

15. tuwa pikun pintêr ing laksita samun | sinêmu upaya | dadya bondhèting bêlandhit | ndhêdhêr wiji jinarak tindak culika ||

16. datan wurung ngêngèmbèt marang kang ngurung |

--- 24 ---

marma kinuwayan | karsaning Jêng Sri Bupati | karsa têdhak marang bètèng Surakarta ||

17. kang rinuruh mrih sêpên baya pakewuh | ingkang kinèringan | sêmbari ngenggar panggalih | mbok manawa antuk papajaring driya ||

18. rêmbuk rujuk lan kalulut rara Bêruk | bèi Diradirja | jalwèstri umatur aris | pinarêngna ulun andhèrèk kewala ||

19. sing lwih ewuh yèn wontên baya pakewuh | tan wande kawula | kèmbèt dosa Kangjêng swami | tiyang alit dados ramon parameyan ||

20. Jêng Sinuhun saksana ngandika arum | hèh Sudiradirja | kang mangkono wus sun galih | ya anane mangkene ingsun kang karya ||

21. haywa tanggung sirarsa sun duta asung | anggawa nawala | kaswaring lan Obrus loji | manggalaning bètèng gung Surakarta |[64]|

22. kang rumuhun asung tabe salam ingsun | kadwi ingsun arsa | lalabêt têdhak ing loji | mrih lajêra[65] ruwêt saking rèh ruhara ||

23. dupi rampung nawala pinaring sampun | umatur sandika | Sudiradirja ngabèi | mundhi patra cikat laju lalanjaran[66] ||

24. tan winuwus lampahira kang ingutus | praptaning gapura | kanggêg kanggrak ingkang jagi | duta Nata sigra ngulungkên kintaka ||

25. saradhadhu risak sana[67] sini situ | ngaturkên pustaka | kaswaring Obrus tinampi | gya binuka kadhadha sinukmèng driya ||

26. obrus nulya ngutus saradhadhu |[68] dutanirèng Nata | kinèn manjing dalêm loji | sampun kèrit maring loji tatabeyan ||

27. sinung lungguh ing kursi miwah sinuguh | dhaharan mirasa | roti miwah kuwih-kuwih | lawan wedang bubuk soklat tinatakan ||

28. malih minum jênèwêr waragang arum |

--- 25 ---

mangka pambagyarja | Tuwan Obrus kang manggihi | nyarakakên pisêgah murih dhinahar ||

29. sampun rikuh paduka dhahar pisuguh | mugi ngrahapana | Diradirja ananggapi | suka rêna tan mungkur mawèh sukaya ||

8. Pangkur

1. Obrus wus karya nawala | kang waluyan katur Sri Narapati | sru dahat sukayèng kayun | Ngabèi Diradirja | nulya pamit linilan mring Tuwan Obrus | sapraptanirèng dinuta | sowan ngarsaning Narpati ||

2. Sri Narendra nulya têdhak | maring loji tinut wadya umiring | tantara tandya sumusul | Ngabèi Diradirja | myang pulunan rara Bêruk datan kantun | tinut ing abdi wanodya | kering rowang priya kalih ||

3. binubah bau srabutan | wira-wiri riwut dinutèng panti | mamèt barang ingkang parlu | de wisma Diradirjan | mung kinunci rinante rencang kang tunggu | tan kawarna têdhakira | Sang Nata praptaning loji ||

4. suka dahata harsayan |[69] non langêning kendahan madyèng biting | sêngsêming driya tumanduk | ngantya watara lama | ing puwara Tuwan Residhèn krungu |[70] kang wawadi kawadaka | lumuh gurdakaning swami ||

5. tan winarna dangunira | ing nujwari Residhèn manjing loji | gupuh agahan pinêthuk | kagalih wontên karya | Sri Narendra lênggah parêsêban agung | Rara Bêruk sanityasa | ri ratri muhung kinanti ||

6. risdhèn matur ring sang Nata | dhuh Sinuhun kadya paran de mangkin | kapirênan sukèng kalbu | luminggar saking pura | jroning driya sayêkti amba sru sêkung | marang ruwidèng Jêng Nata | mahatma ngantya kadyèki ||

7. inggih sanadyan wontêna | patih pangran tuwin para bupati | lamun mbotên wontên ratu | surêm ing prabayasa |

--- 26 ---

sumarmanta mugi tumuntêna kundur | kadya paran yogyanira | suwawi sami binudi ||

8. kèndêl Residhèn turira | Sri Narendra pangandikanira aris |[71] dhuh bapa Residhèn tuhu | bênêr ing rêmbakira | nanging rèhna sira wus sinêpuh-sêpuh | paran mungguh pênêtira | ngong pasrah marang sirèki ||

9. pandugèngsun jênêng sira | lwih sambada yêkti tan madal sumbi | Residhèn sumundhul atur | aluwung makatêna | yèn paduka wontên ngriki dangu-dangu | wadhèh tinoning ngakathah | Residhèn mundur tumuli ||

10. warnanên Jêng Pramèswara | sanityasa mangarsa Sri Bupati | têka datan karsa kundur | lajêng mring Ngêndranatan | Harya Êndranata lêrês arinipun | dadalêm anèng Mênangan | prênah sawetaning Gadhing ||

11. tilas dalême kang rama | dupi sampun prapta manjing wisma glis | Jêng Ratu ngandika arum | e yayi kadya paran | Sri Narendra de lalu limut kadaut | kasmaran rarasing driya | tiharda darpaning galih ||

12. malah samangkya têdhakan | maring loji wan arsa kudur puri | yayah nir kotamèng kalbu | paran pamikirira | nadyan mudha sirèku kang mijil jalu | prasasat liruning bapa | wênang mikir kang sayogi ||

13. matur Harya Êndranata | dhu[72] kakang mbok sèwu ing lêpat mami | tinêbihna saru-siku | nanging kauningana | bab punika paduka dahat kalimput | kalêmpit limpar lupiya | darsananing sadu budi ||

14. lêpiyan luwanging kina | kang kinandha Dyah Dèwi Citrawati | putri Manggada pinunjul | garwèng Harjuna Sasra | Maèspati binathara bandha-bandhu | Dyan kamaru putri dhomas | prandene suka ing kapti ||

15. amung marang marunira | datan wontên ingkang suwalèng kapti | milanipun kang winêngku |

--- 27 ---

para maru taruna | tumarêcêp jrih asih rêna sakayun | marang putri ing Manggada | kasêbut guruning èstri ||

16. lawan malih kawursita | putri tama rêtna Banancinawi[73] | kadang mudha Sanga Prabu | Patmanaba Dwaraka | Atmajendra Sang Basudewa dêbyanung[74] | narendra prajèng Mandura | panukmanirèng Dèwi Sri ||

17. garwanya Sang Dananjaya | warnanira linuwih ing sabumi | punika ingkang kasêbut | Dèwi Wara Sumbadra | dera sabar runtut among marang maru | ingakên kadang taruna | marmanta samya jrih asih ||

18. panganggêpe ambêndara | mring kusuma Dèwi Banancinawi | punika lêpiyan luhung | pantês sinudarsana | nuwun sèwu têka paduka mbokayu | ratu musthikaning pura | dene kabyatan ing galih ||

19. ing pundi wontên narendra | tanah Jawi mung darbe garwa siki | malah rèhning mbakyu ratu | panunggul garwa wrêdha | mandar ngajap ninadara[75] sugih maru | yèn wontên karya nèng ngarsa | pra maru marêk lir cêthi ||

20. mangka mbakyu Pramèswara | sampun sêkêl kinêmaru[76] ing sêlir | ingkang nama rara Bêruk | kontap sulistyèng warna | nadyan puguh raka Nata sampun puguh | paduka kadêrêng driya | puwara têmah nglumuhi ||

21. kangsi[77] jêngkar saking pura | kang makatên punika kados pundi | èwêt aya ing panggayuh | priya yèn sampun cêla | sintên ingkang bangkit mulihakên mbakyu | wauta Jêng Pramèswara | rikalanira miyarsi ||

22. atur pamrayoga tama | sêling sêrêp sêrêng wuryaning runtik | manabda kabèh aturmu | iya bênêr sadaya | nanging kurang têpa palupining idhup | mandhak andhudhah dhêdhêran | tan mêngku ruwidèng mami ||

23. pinak sasamata mata |[78] priya iku arabiya[79] sakêthi | anggêr ingsun ora wêgah |[80] yêkti nora kabranang |

--- 28 ---

apa dene kinêmaru anak ratu | pantês lulus saduluran | nging barêng si Bêruk baring ||

24. darah turas padarakan | kinêmbarkên lan ingsun dahat suthik | awit dudu timbang ingsun | ing jaman kuna-kuna | iya nadyan duduwa anaking ratu | apês sutaning pandhita | yêkti masih padhak aji ||

25. matur Harya Êndranata | dhuh mbokayu aywa kalintu tampi | Ratu punika sakayun | langkung kuwasa dahat | nadyan mundhut sutaning wong tuli pikun | wênang nginggahkên darajat | jêr kuwasa amêngkoni ||

26. kuwawi anandangana | inggih sintên ngêndhak ngandhêk malangi | dhatêng karsaning Sang Prabu | kajangkah kang jinangka | Kangjêng Ratu kêca waspa mbarubul |[81] rumangsa kluhuran sabda | ring turing rayi maripih ||

27. sarèh pangandikanira | kadya paran kapenake wak mami | apa sira darbya tur |[82] minta sih ing aksama | sagung sisip pajampuwa sinung maklum | ngajab lunturing wilasa | ywa kumambang lir kinintir ||

9. Maskumambang

1. lamun baya mangkonoa apa yayi | minta sraya marang | pitulunging prentah wlandi | kanthi aris pamrih raras ||

2. supayane rakendra kundur ing puri | pirangbara sira | adhi kapanggih pribadi | marêk sowan ing Sri Nata ||

3. Harya Êndranata aturira aris | inggih mbakyu enggal | kundur ing dalêm puri |[83] dene prakawis punika ||

4. ulun ingkang saguh katêmpuh ing wêngis | sampun jamakira | yèn labêta anglabuhi | kabubuh kabyat tan[84] karya ||

5. yogyanira linakon sangkaning aris | sun nêdya manurat | kature sidhèn[85] supadi | maripih lêjaring Nata ||

6. kangjêng ratu sampun kundur ngênyapuri | kanthi onênging tyas | sare tyasa[86] gung matis-tis |

--- 29 ---

lir taru kantrak mangarang ||

7. datan lingên risang kakênaning kingkin | Harya Indranata[87] | dèrèng ngantos puntintèki[88] | kang rinantam lan Jêng swara ||

8. pan kasêlak katungka residhèn manjing | sowan maring pura | kapanggya Jêng Pramèswari | tinampi nèng Madurêtnan ||

9. kangjêng tuwan residhèn umatur ririh | dhuh Jêng Pramèswara | pisowan amba sumiwi | sêdyarsa atur upiksa ||

10. Surakarta harsa[89] ginêbak ing jurit | mring natèng Makasar | samangkya sampun lumaris | andharat labuh Sêmarang ||

11. nanging rèhning narendra wontên ing loji | sampun kalêrêsan | rinêksa dening Kumpêni | balik kang wontên ing pura ||

12. para putri linggara dalêming aris | murih manggya raharja |[90] dene dhatulaya ngriki | jinaga dening Walanda ||

13. binarisan ngarsa wuri kanan kering | sagung pra dipatya | anjagi tumut ngampingi | mrih praja ywa ngantya curna ||

14. lamun mbotên makatên saèstu katir | watak wong Makasar | tandang-tanduke ngajrihi | wasana sumanggyèng karsa ||

15. Kangjêng Ratu kampitèn[91] tyas manabda ris | dhuh Residhèn Bapa | paran Jêng Sri Narapati | tan katuran kundur pura ||

16. tuwan risdhèn matur sarèha rumiyin | yèn sampun kantênan | mênggah kang ngrabasèng jurit | gêntos ngrêmbak ing paduka ||

17. pan makatên wigati amba sumiwi | ngaturi upiksa | puwara samangkya mami | linilan madal pasilan ||

18. sakundurnya Tuwin Risdhèn madyèng wuri | horêg mawurahan | dahat dera poyang-paying | yayah udaya kinocak ||

19. Kangjêng Ratu enggal jêngkar saking puri | kering pra parêkan | sagung êmban kênya cèthi | kundur maring Êndranata ||

20. tuwan risdhèn undurira jujuk loji | kapanggya Sang Nata |

--- 20[92] ---

dinangu sajarwa jati | kawontênan jroning pura ||

21. ing puwara Sinuhun kundur tumuli | malbèng dhatulaya | kanthi karênaning galih | berat sagunging karana ||[93]

22. tan pantara Bêruk inginggahkên sêlir | kaparingan nama | ginumyahkên awawangi | Dyanayu Mandayaprana ||

23. Kyai Jagaswara winisudha mantri | jinunjung sumêngka | wasta Kyai Angabèi | Jagaswara mantri parak ||

24. sarta sinung ganjaran saupa pranti | hardana busana | kinèn wisma ing nagari | sawetaning Panularan ||

25. kawarnaa Kangjêng Ratu Kancana di | duk nèng Ngêndranatan | miyarsa lamun raka Ji | wus kondur mring dhatulaya ||

26. miwah Bêruk wus pinangkat sêlir |[94] garjitèng wardaya | kênèng upaya sinandi | sasadan sinamudana ||

27. tambuh-tambuh pindha lena tanpa kanin | yayah murcatmaka | sapandurat datanpa ngling | waktra asawang kunarpa ||

28. pan karanta kararanta gung matis-tis | sing gênging duhkita | nging sagung parêkan cèthi | dahat dènnya nglipur driya ||

29. tawan tangis sarya aturira aris | dhuh Jêng Pramèswara | sampun pisan manjing puri | sayêkti tan manggih harja ||

30. dene Kangjêng Ratu sêdyarsa panggih |[95] lawan raka Nata | kaburu dêrênging runtik | yêkti nis kotamanira ||

31. dhuh dhuh gusti sampun pisan animbangi | ing raka Narendra | paduka priyantun putri | tiwas tuwas tanpa karya ||

32. dangu-dangu sarèh sarêng pinaripih | ture êmban inya | pinupus dêrênging galih | mung ngêndhêm nèng pagêdhongan ||

33. ingkang rayi Haryèndranata marpêki | dhuh kadangku tuwa | ywa kaduk darpaning galih | pèngêta lajêring driya ||

34. sampun manggung gagasah gêlaning galih |

--- 31 ---

gênah tanpa guna | muhung ngêgungna nastuti | tuwajuh amuja brata ||

35. lamun butêng pandêlêng pêtêng tan dêling | gêraga gêrowah | wimbuh yèn kambuhan wêngis | tartamtu niru kawaspadan |[96]|

36. sasar-susur bêlasar worsuh nalisir | malah kajantaka | esak[97] kapasuk saksêrik | marma dèn sabar darana ||

37. mbokmanawi antuk marmaning Hyang Widhi | luwar sing cintraka | têmah harja kang pinanggih | kasêmbadan kang sinêdya ||

10. Dhandhanggula

1. pantoging tyas pinuntu Jêng Sori | sanityasa duhkita mangarang | singgung manggung wirage |[98] kingkin kaduk kadaut | sing kêdadak kandhuhan sêdhih | kênya cèthi parêkan | dahat ing pangimur | nglilipur lêjaring driya | aywa kongsi kawêngkèn kunjana kingkin | nangsaya rudyah[99] ing tyas ||

2. limut lingsêm kalamun ngakêni | mring ature kang rayi taruna | miwah para dasih kabèh | ngrungkêbi tekatipun[100] | ingkang uwus laju kawijil | sumpêk ngandhêg hawa |[101] bêbêg kabarubuh | cape anggagra kusika | dadya gêrah grêgês-grêgês sarira tri | tiharda rumancaka ||

3. sangsayarda gêrahnya ngranuhi | katêngganan êmban miwah inya | parêkan cèthi salire | sarira tri tutugur | tur usada wêwah jajampi | parêm borèh buratan | mêtêk pijêt gangsur | nging madal sagung tutumbal | Harya Êndranata ngaturi udani | mring raka Sri Narendra ||

4. enggal têdhak Jêng Sri Narapati | tuwi marang dalême Êndranatan |[102] sarimbit lawan pangrêmbe | sira wau Dyan Ayu | Ndayaprana kering ing wuri | cèthi lawan parêkan | ing sarawuhipun | anjujug unggyaning garwa |

--- 32 ---

lajêng lênggah parêk Jêng Ratu sumandhing | kaadhêp Êndranata ||

5. dupi wikan rawuh ing raka Ji | andêngèngèk dènnya sasareyan | lir saras sarira sarèh | uswasa ajêg têrus | alon matur maring raka Ji | dhuh gusti sêmbah amba | sèwu lêpat ulun | mugi linuntur aksama | raga amba tan kuwawi anyabili | kados sampun jaisnya ||

6. muhung nuwun pangèstu narpati | pakantuka margi ingkang gampang | praptèng don dêlahan dhewe | langgêng mulya linuhur | sampun mandhêg malang tumolih | samar mamar sumêlang | wau Jêng Sinuhun | arum pangandikanira | dhuh mbok Ratu têkaning pati dèn titis | mrih praptèng pangayunan ||

7. ngèlingana wasitaning ngèlmi | têkaning don dadining darudah | saking mudah daulate | ingkang akarya dudu | pan duk[103] ing don dadalan dadi | widaning[104] kang parasdya | marmane winuwur | munah iku dat kawula | ya unggahe wajah iku dating gusti | cipta sêdya tan ana ||

8. pan wus darbe kuwasa pribadi | gaibing Hyang tan kêna cinakra | jêr wus munggwing sira dhewe | iku pan uwus cukup | kacakêp ing cipta prêmati | marma ywa wancak driya | Sinuhun gya dhawuh | mring Dyan Ayu Dayaprana | hèh ta Bêruk dienggal sira ngabêkti | ni mbok Ratu Kancana ||

9. kang liningan tanggap sasmita glis | ngaras pada ing Jêng Pramèswara | wanti-wanti panêmbahe | umatur dhuh Jêng Ratu | ulun sèwu nuwun aksami | sadaya sisip amba | winêngku marta yu | ngandika Jêng Pramèswara | hèh ta Bêruk mangkonèku ingsun ugi | dèn agung apuranta ||

10. mung samene jaising sun nini | unggyaningsun sami saduluran | ana jamaning karamèn |

--- 33 ---

puji pinuji[105] tulus | jaman mênêng lan jaman muni | langgêng kalawan mulya | sun puji wong ayu | gantyaning lalakoningwang | Radyan Ayu Mandayaprana ngastuti | dhawuh ing Jêng Surendra ||

11. Kangjêng Ratu tandya ngandika ris | maring ari Harya Êndranata | dhuh rinta aku samangke | minta pangapuramu | dipun bisa sira angabdi | mring wrêsninta Narendra | lan dèn bisa jumbuh | ngêmong ring Mandayaprana | haywa beda panganggêpira lan mami | Haryèndranata nêmbah ||

12. kèndêl lingnya wau Pramèswari | nulya mapan uswasa tinata | angeblatkên sarirane | ngikêt ngangkat angukut | ngracut ngrakit ruwat patitis | sakala uwus seda | sang nata manungku | gumyah cèthi myang parêkan | umyung nangis lajêng samya ngupakarti | layoning sang swamindra ||

13. kabyawara gung alit wadya Ji | patih miwah bupati warata | kadya ngadat rêrênggane | sedaning garwa ratu | sinarèkkên maring Magiri | kang kari paripurna | kawandasanipun | Dyan Ayu Mandayaprana | ing pambobot cinêkak tumêkèng wanci | ambabar mijil priya ||

14. warna bagus kang praba nêlahi | sinambrama sagung brêta patya | biniwadha kawula kèh[106] | birawèr[107] tyas anutug | sêlapaning kang raja siwi | rinênggèng parameyan | makajangan agung | Dyan Ayu Mandayaprana | sinêngkakkên têtêp Pramèswari Aji | jujuluk Jêng Ratu Mas ||

15. dene Kyai Jagaswara Bèi | winisudha dumadya bupatya | gêdhong kiwa wêwêngkone | saking karsèng Sang Prabu | sinalinan ingkang wawangi | Tumênggung Wirarêja | tan pantara taun | Sinuhun Pakubuwana | gya andangu salsilahira Jêng swami | e Bèi Yasapura ||

--- 34 ---

16. luluhure Jêng Sang Pramèswari | apa ana gayutaning nata | sarèhning Palar wijile | Yasadipura matur | pèngêtannya taksih mèngêti | manginggilipun pisan | jêjêr saking kakung | mêthik karaton ing Dêmak | Kangjêng Sultan Alam Akbar kang mandhiri | Dêmak Ngawantipura ||

17. Kangjêng Sultan Dêmak kaping kalih | ugi asma Sultan Alam Akbar | puputra priya parabe | Kangjêng Pangran Tumênggung | Amangkurat nulya sisiwi | Pangran Sujanapura | pujangga kang kasub | dalêm wontên Karanggayam | marma karan asmanira awawangi | Pangeran Karanggayam ||

18. Pangran Karanggayam asisiwi | wasta Pangran Karanggayam ingkang | kaping kalih kang ngalih gèn | aning dhusun Wotwaru | kasbut Kyagêng Wotwaru ugi | kang nulya apuputra | uga kang kasêbut | Kiyagêng ing Karanggayam | sedanira marêngi pagêblug umrik | karan Kyagêng Ampahan ||

19. Kyagêng iku darbe putra malih | wastanira Kiyagêng Dalêman | puputra priya parabe | Nayamênggala kasbut | Kyagêng Palar bêntur têtèki | Kyagêng Palar puputra | kalih samya jalu | kang sêpuh Nayamênggala | ingkang kasbut ugi Ki Ngabèhi Tasik | arinira taruna ||

20. nama Nayataruna Ngabèhi | dene Kiyahi Nayamênggala | putra priya paparabe | Nayarêja kasêbut | Palar Klêgèn ingkang papanti | pinarab ing akathah | Ki Ngabèhi Cucuk | mantri Panumping lênggahnya | Ki Ngabèhi Cucuk sampun asisiwi | Kiyahi Jagaswara ||

21. Kyai Jagaswara asisiwi | inggih Kangjêng Ratu punika |[108] kèndêl samantên ature | lulurinya Jêng Ratu | kang gumandhèng karaton Jawi | Sinuhun sukèng driya | marmanira laju | Jêng Pramèswari ingangkat |

--- 35 ---

nama Kangjêng Ratu Kancana mêngkoni | wêwêngkon dalêm pura ||

22. angêplêki kang wus swargi nguni | Kangjêng Ratu Madura Mênangan | suka rêna kawula kèh[109] | nambrama tur pudyayu | kawirya wanira[110] Jêng Swami | dupi antara warsa | wau putra Prabu | jumênêng Pangran Dipatya | Prabu Anom Sudibya Praja Mantawis | ing Praja Surakarta ||

23. pra santana sagung kawula lit | samya suka dahat abipraya | ngayubagya ing karamèn | rame busaka langkung |[111] dènnya asih ing galih |[112] kang pêkik ing suwarna | gung dèn uyun-uyun | dadya jating tyang sapraja | sanityasa dadi kidung sêkar lathi | gambuh gambiraning tyas ||

11. Gambuh

1. samangkya kang winuwus | parêngannya lalakon ingapus | Jamanira Jêng Sinuhun kang kaping tri | pantês pinurwa ing kidung | abdi karone Sang Katong ||

2. sajuga wastanipun | Radèn Pajangsora sutanipun | Dyan Ngabèi Yasadipura kang kadwi | kaliwon carik palunguh | golong kadipatèn Anom ||

3. Dyan Pajangsora wau | kinasihan ring sang nga Prabu |[113] dening bangkit nyêkar agêng amumpuni | kalok swara sora arum | rinungu dahat miraos ||

4. èngêse nganyut-anyut | wilêt gandhang gumandhag[114] andudut | yèn nungkara tanpa patra sampun apil | myang widagda sastra putus | paramèng basa kinaot ||

5. wiyah ing èstri kakung | yèn tan ngrungu swara tumlawung |[115] marmanira yèn nuju ngidung kèh janmi | mirêngkên kumpul kumruyuk | saking dahat samya gawok ||

6. kadwi ingkang cinatur | uga kontap suwara misuwur | Ki Ngabèi Diradirja kang murwani | lakon palaran rumuhun | cengkok kang praptèng samêngko ||

7. yèn ngêlik mêlang-mêlung | swara luntas anrus ing jajantung | tumarêcêp rumasuk jasad nyrambahi | kumêrah ambalung sungsum | sêngsême sarwa miraos ||

8. marmanta kang kalaku | janma kadwi kinèrèk wit jambu | ing kurungan ginantang salèr pandhapi | pindha kang pêksi prêkutut | tinuduh raras lalagon ||

9. ing wanci kang tinamtu | lamun wontên kaparênging prabu | gêgêntosan ginantang anggung anggêndhing | ngumandhang gandhang sumruwung | wèh sukaya sagunging wong ||

10. kalamun mangkonèku | sagung janma dalêm puri ngrungu | rarasira yayah rinungrum kaswasih | kang nêdhêng kadung nahèn kung | mangajab lunturing batos ||

11. Dyan Pajangsora wau | nênggih putra wit angambil mantu | lan Ngabèi Sudiradirja kinasih | kèh janma samya guguru | ing gêndhing sagung lalagon ||

12. talèdhèk topèng têpung | miwah dhalang reyog yaga sinung | ing lalagon lagu kang samya kinapti | wit saking lêbda linangkung | krawitan tuhu kinaot ||

13. babaring bêksa bêsus | pacakira cakcakane alus | lat-ulatan winulat langkung nglam-lami | layak kondhang dadya kidung | barêngan sing Palar |[116]|

14. maatma karan umum | janma kadwi wastanira arum | Diradirja paparab gantang winarni | Pajangsora karanipun | Pajangswara rum rinungon ||

15. kasok wilasèng prabu | Pajangswara nampi sihing ratu | sinêngkakkên dadya abdi dalêm carik | Ranggawarsita sinantun | golong Kadipatèn Anom ||

16. pragad paramèng têmbung | amumpuni kasastran luhung |[117] tan pantara warsa gya ginanjar malih | sumêngka dadya panèwu | piniji nèng ngarsèng katong ||

17. Dyan Ranggawarsitèku | têmbenira ing puwara laju | kang sumare nèng luwar Batang Batawi | kapisah lawan lyanipun |

--- 37[118] ---

kulawarga kapara doh[119] ||

18. warnanên sang nga Prabu[120] | nandhang gêrah tilar dasa[121] èstu | dening madal sarat sarana usadi | yuswa wus kalangkung sêpuh | kinodrat tumêkèng layon ||

19. bawana surêm sampun | samudaya duhkita gêgêtun | diwangkara mawêlu yayah belani | andhêdhêt kapadhêt pêdhut | kang taru layu kalêson ||

20. kawula wayang-muyung | mapayangan[122] tambuh gung anjêtung | ketang saking kasok sumuyut ngastuti | kadhaton katruh kapiluh | ting jalêrit anggalolo ||

21. sampat pangrukti rampung | sinarèkkên mring Magiri gunung | pinèngêtan sangkala candra ciniring | sucindra kaswanèng prabu |[123][124] surya sangkala kang winot ||

22. kontap kèsthi lingnyèku |[125][126] yèn winilis dera madêg ratu | apan antuk tigang dasa sanga warsi | maksih nunggil jamanipun | kang putra gumantya katong ||

23. jujuluk Jêng Sinuhun | Paku Bwana narendra linuhung | Senapati Ngalaga Ngabdurahmani | Panata Agama Rasul | kang kaping catur kuwaos ||

24. karan Sinuhun Bagus | jatmikèsmu wadana arurus | ingkang yasa pasanggrahan ran Cêmani | kalok kaloka misuwur | santa budya tyas kinaot ||

25. nuju Jimakir taun | sinêngkalan candrama winangun | catur dibya kang kasusra ing narpati |[127] surya sangkala ginêlung | rêsi kèsthi sabda katong |[128]|

26. lulus lêstari linut | kayuwanan raharja amuput | Jêng Sinuhun lama dènnya madêg Aji | watara tri dasa punjul | tigang warsa karahayon ||

27. tiniti kang tumutur | ponang rawi rinipta ing galur | ing pangèsthi dadya sudarsana wuri | paran kang runtut rinuruh | mrih ruwat ruwidèng[129] batos ||

28. dèn agung ing pamêngku | para wignya paramèng rèh sadu | kang wus putus kasub kasusastran ngênting | ring sang Nguragita punggung | kang kaduk kadung sayêktos ||

29. saro sasranèng atur |[130] sucipta mrih darmawèng pangatur | tataline ing pambudya dadya adi | mupakat yèn ngup-sinangup | sasadone wit sininglon ||

30. dwidasa ari Sabtu | Madilawal warsa Lip lumaku | rêsi ngrasa kang kaèsthi ing sarwèdi |[131][132] rinuntut parênganipun | surya sangkala kang winor ||

31. ing ari kaping wolu | Aogustus sangkala linaku | kang rinasa uninga têrusing kapti |[133][134] sampèka paridarma yu | yuwananing para maos ||

 


Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: sumarambah marbuk. (kembali)
rêroncène. (kembali)
gubug (dan di tempat lain). (kembali)
jagayitna. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang èstri datan darbe kunung kardi. (kembali)
Lebih satu suku kata: Ya Nyi Jagasura marêngi. (kembali)
sakamantyan. (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn rinasa wawratan iki. (kembali)
dadak. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: nguni Kyagêng Tarub. (kembali)
11 Kurang satu gatra: ke-7 (6u). (kembali)
12 tandya ingancaran. (kembali)
13 purwa. (kembali)
14 kinaworan. (kembali)
15 samyèmut. (kembali)
16 songgarunggi. (kembali)
17 asri. (kembali)
18 gar-gêr. (kembali)
19 angling. (kembali)
20 sagêd (dan di tempat lain). (kembali)
21 Kurang satu suku kata: ruruh pangucape titis. (kembali)
22 Kurang dua suku kata: dhèmês luwês ing solah bawa trapsila. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: sowan lumêbèng kadhaton. (kembali)
24 mênangan. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: Pangran Harya Dipamênang. (kembali)
26 iringkên. (kembali)
27 ing galih. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: sampunira dèn tampèni. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: tarampil wêweka putus. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: duk samana winursita. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: de Kangjêng Ratu sareyan. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: tindakira nata laju. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: unggyanira para wrêdha. (kembali)
34 ing galih. (kembali)
35 pacuhana. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: dèrèng tanggap maring sêmu. (kembali)
37 sasmitadi. (kembali)
38 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: amêgati samarga mung anggupita. (kembali)
39 sadangunira. (kembali)
40 risaksana. (kembali)
41 gupuh. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: yèn nganti nglèlèti daging. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: pinarêk ngarsèng Aji. (kembali)
44 kawuryan. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: ngèstu ngastuti mituhu. (kembali)
46 songgarunggi. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: abote wong ngawula. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: bibi lajua alinggih. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: yèn winêlir tan sajajar. (kembali)
50 dhêku. (kembali)
51 Biasanya guru lagu i: olih-olih. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: rudahing tyas kontram anabêti. (kembali)
53 Kurang satu suku kata: puspa palara milah malahi. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: ingsun sung pupuji. (kembali)
55 Sang Akatong (dan di tempat lain). (kembali)
56 dhayoh. (kembali)
57 Prasman. (kembali)
58 Kurang satu suku kata: lir kapadhêt pêdhut anaputi. (kembali)
59 sulistyendah. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: pêtênging rat rata wimbuh mawèh. (kembali)
61 sumimpên. (kembali)
62 Kurang satu suku kata: Lan Residhèn apan dados wadi. (kembali)
63 ngarawistha. (kembali)
64 Kurang satu suku kata: manggalaning bètèng agung Surakarta. (kembali)
65 lêjara. (kembali)
66 lêlancaran. (kembali)
67 risaksana. (kembali)
68 Kurang dua suku kata: Tuwan Obrus nulya ngutus saradhadhu. (kembali)
69 suka dahat kaharsayan. (kembali)
70 Kurang satu suku kata: ing puwara Tuwan Residhèn karungu. (kembali)
71 Lebih satu suku kata: sri narendra pangandikanira ris. (kembali)
72 dhuh. (kembali)
73 Banoncinawi (dan di tempat lain). (kembali)
74 dibyanung. (kembali)
75 pinandara. (kembali)
76 kinamaru (dan di tempat lain). (kembali)
77 Kongsi. (kembali)
78 pinaksa samata-mata. (kembali)
79 arabia. (kembali)
80 Biasanya guru lagu u. (kembali)
81 Kurang satu suku kata: Kangjêng Ratu Kêncana waspa mbarubul. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: apan sira darbe atur. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: kondura ing dalêm puri. (kembali)
84 kabyatan. (kembali)
85 katur residhèn. (kembali)
86 sanityasa. (kembali)
87 Endranata. (kembali)
88 pun kintèki. (kembali)
89 arsa. (kembali)
90 Lebih satu suku kata: mrih manggya raharja. (kembali)
91 kampitèng. (kembali)
92 Semestinya angka halaman 30. (kembali)
93 Nomor bait asli 22, dirubah menjadi 21 dan seterusnya sesuai dengan urutannya. (kembali)
94 Kurang dua suku kata: Miwah rara Bêruk wus pinangkat sêlir. (kembali)
95 Kurang satu suku kata: Dene Kangjêng Ratu sêdyarsa pinanggih. (kembali)
96 Lebih satu suku kata: tartamtu nir kawaspadan. (kembali)
97 êsak. (kembali)
98 Kurang satu suku kata: singgung-gung manggung wirage. (kembali)
99 rudah. (kembali)
100 tekadipun. (kembali)
101 Kurang satu suku kata: sumpêk angandhêg hawa. (kembali)
102 Lebih satu suku kata: tuwi marang dalêm Endranatan. (kembali)
103 panduk. (kembali)
104 sidaning. (kembali)
105 puji-pinuji. (kembali)
106 kawulakèh. (kembali)
107 birawèng. (kembali)
108 Kurang satu suku kata: inggih Kangjêng Ratu sapunika. (kembali)
109 kawulakèh. (kembali)
110 kawiryawanira. (kembali)
111 ramebu sakalangkung. (kembali)
112 Kurang dua suku kata: dènnya asih-trêsna ing galih. (kembali)
113 Kurang satu suku kata: kinasihan maring Sang Aprabu. (kembali)
114 gumandhang. (kembali)
115 Kurang satu suku kata: yèn tan ngrungu suwara tumlawung. (kembali)
116 Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu o: barêngan sing saka Palar. (kembali)
117 Kurang satu suku kata: amumpuni kasusastran luhung. (kembali)
118 Teks asli tidak ada angka halaman 36. (kembali)
119 kaparadoh. (kembali)
120 Sang Aprabu. (kembali)
121 donya. (kembali)
122 mawayangan. (kembali)
123 § (1714). (kembali)
124 Tanggal: sucindra kaswanèng prabu (AJ 1714). Tahun AJ 1714 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Oktober 1787 sampai dengan 1 Oktober 1788. (kembali)
125 § (1787). (kembali)
126 Tanggal: kontap kèsthi lingnyèku (1787 M). (kembali)
127 Tanggal: Jimakir: catur dibya kang kasusra ing narpati (AJ 1714). Tahun AJ 1714 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Oktober 1787 sampai dengan 1 Oktober 1788. (kembali)
128 Tanggal: rêsi kèsthi sabda katong (1787 M). (kembali)
129 ruwêting. (kembali)
130 sarosa sranèng atur. (kembali)
131 § (1867). (kembali)
132 Tanggal: Sabtu (Sêtu) dwidasa (20) Madilawal (Jumadilawal) Lip (Alip): rêsi ngrasa kang kaèsthi ing sarwèdi (AJ 1867). Tanggal Masehi: Sabtu 8 Agustus 1936. (kembali)
133 § (1936). (kembali)
134 Tanggal: wolu (8) Aogustus (Agustus) rinasa uninga têrusing kapti (1936 M). (kembali)