Sêrat Bantên, British Library (Add MS 12304), 1787, #1036 (Pupuh 01–13)
1. | Sêrat Bantên, British Library (Add MS 12304), 1787, #1036 (Pupuh 01–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
2. | Sêrat Bantên, British Library (Add MS 12304), 1787, #1036 (Pupuh 14–23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
3. | Sêrat Bantên, British Library (Add MS 12304), 1787, #1036 (Pupuh 24–37). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Bantên[1]
--- [f. 2v] ---
1. Pangkur
1. sinami sêkaring ngarsa | dyan tri săngka winuruk dèn nrêpati | ing warsa Wawu kang tèngsu | Rajab kaping nêmira | Anggara Pon wuku Langkir ringkêlipun | jalma ing măngsa kêsanga |[2] srêng bêdhug wêdharing tulis ||[3]
2. nênggih ingkang ginupita | dyan warnanên nêgara ing Batawi | jêng pangeran kang winuwus | kalayan pun kapitan | mangkya wontên pamiraos kang tan arju | nênggih ing măngsa punika | pun kapitan nulêd bêdhil ||
3. sênjata gêng dipun pasang | mimisipun ngungkuli dalêm puri | jêng pangeran langkung bêndu | anulya ingutusan | tinakenan kang dadya darunanipun | nulêd bêdhil tanpa warta | mimise ngungkuli puri ||
4. aturira pun kapitan | ngasih-asih nuhun apuntên gusti | sisipe ing dasihipun |
--- [f. 3r] ---
pun Ganar abdi tuwan | lagya wuru tan kantênan polahipun | kawula botên uninga | têmbe kawula abukti ||
5. ri sampun katur sêdaya | ing utusan sêmana nulya prapti | pinundhutan dhêndha sèwu | reyal nulya sosokan | cêndhêkipun ing purwa kăndha puniku | kapitan ingkang winarna | karywane sok ambêdhili ||
6. pakuwon kang dipun tembak | samya gègèr winalês dipun bêdhil | gantya tembak ramenipun | tan wontên kang kasoran | punggawane anênggih jêjulukipun | awasta Ki Mantakarsa | lawan Tanukarsa malih ||
7. kalawan Ki Wargayuda | Nalapraya punika kang winilis | kalawan Kyai Kêdhawung | Bayanggati prawira | ya ta ngucap tan ana wêkasanipun | wus lawas sok salin tembak | tan ana wêkasing jurit ||
8. wus amit Ki Nalapraya |
--- [f. 3v] ---
Bayanggati amit marang ing gusti | kawula amit pukulun | amiyosana yuda | yèn mêngkatên botên wontên wêkasipun | mênawi gusti kawula | kadugi amba lêbêti ||
9. angandika jêng pangeran | iya mara yèn sira wus kadugi | kaya priye tingkahipun | mimise kaya udan | awatsêkar[4] Bayanggati gih pukulun | nadyan silih mêngkatêna | mênawi barkahing gusti ||
10. sampun pêpêk kang gêgaman | punggawa gung lir singa galak wani | sêdhêng tumon mangsanipun | kadya sura dênawa | tumon măngsa swaranipun angrik nguwuh | mêngkana upamanira | punggawa myang para mantri ||
11. enjing bètèng dipun sêrang | Bayanggati karsanya anglêbêti | dèn wawa kuwanènipun | Kumpêni wus prayitna | bêdhil tinggar mimisipun kumarutug | tibane lir
--- [f. 4r] ---
pendah udan | nibani sajroning baris ||
12. ya ta Kyai Nalapraya | kancanipun mara Ki Bayanggati | binêdhil tan kandhêg laju | mara datan wigêna | Bayanggati tan angsal marga wus kêmput | kang wadya akathah pêjah | tanapi kang nandhang kanin ||
13. nanging tan suda karsanya | pirang-pirang dina tansah ajurit | mênêng yèn kalaning dalu | sakathahing punggawa | tinimbalan ing alun-alun akumpul | kinèn samya dhêdhaharan | punggawa lan para mantri ||
14. kawarta ing Surasowan | samya gunêm nênggih Pangran Pêpati | lan Pangeran Mênggala gung | myang sakèhing sêntana | kang ginunêm prayoganira ing laku | Jêng Pangeran Pringgalaya | arsa ambantuèng jurit ||
15. Pangeran Ranamênggala | nyêndhêk karsa sêmuning tyas bang-bang pring | hèh ki raka
--- [f. 4v] ---
karsaningsun | dawêg samya pinapag | Jêng Pangeran Pêpati aris amuwus | lah iya yayi mufakat | kayapa maliha yayi ||
16. ya ta Pangeran Mênggala | angandika mring sakèhing kang mantri | dandana pêrau agung | mangsah marang Jakarta | dipun aglis samakta sênjatanipun | ya ta sakèhing punggawa | baita sampun rinakit ||
17. kang lumampah mring Jakarta | senapati Jêng Pangeran Pêpati | kang rayi pangiwanipun | Jêng Pangeran Mandura | kang jêjênêng Pangeran Sabrang Lor iku | lan Kyai Kali namanya | ingiring kang para mantri ||
18. Tumênggung Yudanêgara | layan malih Ki Dêmang Sastrapati | nênggih senapatinipun | Ki Tohjiwa ingaran | lan Kiyai Wadwaaji malihipun | lan Tumênggung Ănggabaya | miwah ingkang para mantri ||
19. kang kinèn mintar saksana | kang dhinèrèk yèn prapta [pra...]
--- [f. 5r] ---
[...pta] ing Bêtawi | kang ingaran êmban rangkung | mênggêp anandhang jênar | tinitihan korab kêkalih gung-agung | lêlanang ika sêsanga | miwah tênggang datan kari ||
20. samakta sênjataning prang | umbul-umbul Jêng Pangeran Pêpati | tunggulwulung cirinipun | nênggih wênara pêthak | sampun layar sakèhe punang prêrau | ing marga datan winarna | sampun prapta ing Bêtawi ||
21. kocapa kang lagya aprang | maksih rame tan ana kang katitih | ya ta kèndêl kalihipun | sapraptaning utusan | Jêng Pêngeran Pêpati pan mêntas sampun | kang dèn iring Nyai Êmban | wali jêne nandhang samir ||
22. Pangeran Jakarta majar | dawêg bage pangeran dika kalih | tumulya Nyi Êmban Rangkung | mara dhatêng ngajêngan | aris matur manêmbah Nyi Êmban Rangkung | kawula gusti dinuta | sampeyan dipun aturi ||
--- [f. 5v] ---
23. dhatêng nagri Surasowan | pra sêntana langkung onêng ing galih | sêntanèstri miwah kakung | sêmangipun kalintang | siyang dalu mung paduka kang winuwus | kang mugi pinanggihêna | paduka lan para gusti ||
24. sapamucang tan ngandika | tăndha bêndu jaja lir wora-wari | nanging ingampah sinamur | dangu-dangu ngandika | sun tarima saking sihe anak prabu | nanging ingsun durung arsa | yèn mundura ing ajurit ||
25. pan maksih cuwa tyas ingwang | myang punggawa durung ana katitih | padha maksih karêpipun | lagya birai ing prang | matur aris manêmbah Nyi Êmban Rangkung | gusti nadyan mêngkatêna | amunga kang para mantri ||
26. Pangeran Pêpati mojar | inggih yayi tan wontên dedenèki | ature pun Êmban Rangkung | inggih kadya punika | Jêng Pangeran Sabrang Lor nambungi [na...]
--- [f. 6r] ---
[...mbungi] wuwus | liyane saking punika | kawula tumut ngaturi ||
27. nahan gantya cinarita | kawarnaa kang anèng Surasaji | Jêng Pangeran Mênggala gung | miwah sakèh nayaka | myang punggawa lêlurah bêbêkêl iku | padha ingundhangan dandan | karya padalêman bêcik ||
28. mêngkana Kangjêng Pangeran | Mênggala gung dandan rahina wêngi | karya padalêman agung | ing Jampalaon ika | samaktane rinakit dalêming ratu | mapan samakta sêdaya | abah-abahing pawèstri ||
29. têkaning kang abah-abah | ing jro pawon sakalir wus cumawis | tan wontên sangsaranipun | tan ana ingkang ilang | ya ta sampun pêpêk sangkêp sri dinulu | pangran langkung ngarsa-arsa | mring êmban antuka kardi ||
30. kocapa malih Jêng Pangran | ing Jakarta lagi
--- [f. 6v] ---
dipun ririhi | dening paman kalih wau | kathah pituturira | dawêg gusti sampun dangu anak prabu | sampun lami lampah ingwang | pasthi dipun apti-apti ||
31. Pangeran Jakarta mojar | inggih paman dika mantuk rumiyin | kawula benjang sumusul | dèrèng lêga tyas ingwang | ing ayuda yèn dèrèng tutug ing laku | Pangeran Sabrang Lor mojar | bok sampun manjangkên jurit ||
32. anak prabu èngêt kula | duk Pailir[5] sampeyan ingkang napih | yèn sampuna tuwan tulung | kathah punggawa risak | lan malihe sampun sasêtyan karuhun | kalayan Pangran Mênggala | tanapi kang para siwi ||
33. sêmana Pangran Jakarta | lilih ing tyas lir kêna guna sari | têka anut ing pitutur | inggih yèn dika paman | ngarsakakên risaking Jakarta iku | kawula datan lênggana | ing sakarsa sun umiring ||
--- [f. 7r] ---
34. Pangran Jakarta ngandika | animbali sakèh punggawa mantri | sêdaya pan sampun rawuh | Kiyai Mantakarsa | lan Kiyai Tanukarsa sarêngipun | lan Kiyai Wăngsayuda | tanapi Ki Bayanggati ||
35. miwah Kyai Nalapraya | myang Kiyai Pangêndhagan tan kari | tanapi Kyai Kêdhawung | kang sami nèng payudan | angandika Pangeran Jakarta asru | hèh sakèh punggawaningwang | besuk kang dadi bupati ||
36. ing nêgara Bantên ika | nora nyilib kang dadi ratu benjing | iya anak putuningsun | ingkang jumênêng nata | sagung ingkang punggawa sarêng turipun | alêrês kang pangandika | patikbra gusti umiring ||
37. apanjang lamun winarna | sampun minggah Jêng Pangeran Pêpati | Pangeran Jakarta sampun | migah[6] dhatêng baita | tan kawarna ing marga pan sampun rawuh | Pangeran Mênggala mapag | pra sêntana datan [da...]
--- [f. 7v] ---
[...tan] kari ||
38. tanapi para punggawa | miwah mantri lurah bêbêkêl ngiring | rame ingkang samya mêthuk | kathah dadya tontonan | Jêng Pangeran Mênggala Pangeran Ratu | angadhang ing candhiraras | sapraptanya dyan kinanthi ||
39. Kangjêng Pangeran Mênggala | munggèng kanan Kangjêng Pangeran Gusti | nganthi munggèng kiwanipun | dening para wanodya | dipun kanthi samining wanodya agung | lampahira munggèng ngarsa | gumrêbêg kang wong umiring ||
40. Pangeran Mandurarêdya | akêkanthèn lan Pangeran Pêpati | myang sêntana ingkang rawuh | kang saking Surakarta | ingaturan sêdaya mring dalêm agung | sapraptaning dalêm pura | atata prêsamya linggih ||
41. Jêng Pangeran Ratu sigra | lan kang rayi angrangkul pada kalih | mring Pangran Jakarta gupuh | sakèhe para paman | miwah bibi samya ngrangkul ngêlus-êlus | samya onênge kalintang | alami [a...]
--- [f. 8r] ---
[...lami] datan kapanggih ||
42. putra saking Surakarta | Kangjêng Ratu Martakusuma nênggih | lan putra kalih kang jalu | Tubagus Adikara | lan Tubagus Aryasuta kang wrêruju | ingêmban tinimbal-timbal | mring sagung pra sêntanèki ||
43. apanjang lamun winarna | aris matur Kangjêng Pangeran Gusti | rama yèn sêmbadèng kayun | kawula ngaturana | padalêman ing Jampalaon puniku | cêndhêke punang carita | pangeran mangkat tumuli ||
44. dhatêng Jampalaon ika | manggih dalêm sakalir wus sumaji | tan wontên sangsaranipun | warnanên pra punggawa | nênggih wau sêdaya kang samya tumut | awasta Ki Mantakarsa | kalayan Ki Bayanggati ||
45. lan Kiyai Tanukarsa | Nalapraya Wrêgayuda[7] tan kari | tanapi Kyai Kêdhawung | Ki Dêmang Surèngrana | myang Ki Êmas Suryapati datan kantun | miwah Kyai [Kya...]
--- [f. 8v] ---
[...i] Wăngsayuda | myang Kyai Răngga tan kokih ||
46. tanapi Ki Pangêndhagan | datan kari samya tumut ing gusti | sampun têntrêm lungguhipun | eca manahing wadya | sinêkayun wong Jampalaon puniku | sigêgên datan winarna | jêng pangeran sampun krami ||
47. nênggih kalayan kang putra | Jêng Pangeran Răngga ing Singasari | panakawan kathahipun | gangsal kang kinasihan | dipun jênêngakên dawêg kramanipun | karuhun Ki Wăngsadipa | kalayan punika malih ||
48. winastan Ki Narawita | Ki Tumênggung Wirautama nênggih | Ki Kandhuruhan puniku | Ki Răngga Wirapatra | gih punika panakawane sang prabu | kang tansah anèng ngajêngan | kang sabên tinari-tari ||
49. kawarnaa pun Wêlănda | ing Jakarta dandan rahina wêngi | bètèngira sampun kukuh | bêdhilipun naratag | agêng-agêng majêng mangetan mangidul [mangi...]
--- [f. 9r] ---
[...dul] | mangulon mêngalor ika | rahina wêngi abaris ||
50. anênggih sêngkalanira | risakipun ing Jakarta nêgari | tanpa warna tatanipun | ing jalma tan winarna |[8][9] laminipun antarane duk winangun | carita sinungan têmbang | alame Ki Sastrasandi ||
51. nahan gantya cinarita | ri sampunnya Jêng Pangeran Bêtawi | palênggah ing Bantên wau | ya ta ingkang kocapa | Jêng Pangeran Ratu kathah putranipun | saking padmi lan ampiyan[10] | pan samya pêputra nênggih ||
52. ingkang winarna ing gita | kangjêng gusti punika ingkang rayi | ya ta kang putra cinatur | anênggih Jêng Pangeran | Răngga Singasari iku wastanipun | patutanira pan gangsal | kang sêpuh Pangeran Pêkik ||
2. Asmaradana
1. kasmaran dhatêng pawèstri | Ratu Dèwi Ratu Mirah | lawan [la...]
--- [f. 9v] ---
[...wan] Ratu Ayu kaot | lan Pangeran Bantên ika | ya ta malih pêputra | saking paminggir puniku | Pangeran Sutamênggala ||
2. Ratu Gêdhong ingkang siwi | Ratu Balingbing kang nama | lan Ratu Dalêm wastane | lawan Pangeran Mandura | Kangjêng Ranamênggala | Ratu Êlor Ratu Kidul | lan Tubagus Sêminingrat ||
3. Pangeran Wiratmatèki | lan Pangeran Danuwăngsa | lan Pangeran Prabangsane | èstri nama Ratu Pandhan | Pangeran Wirasuta | Pangeran Wirasmarèku | layan Pangeran Janingrat ||
4. Ratu Citra Ratu Sêndhi | jalu Pangeran Diwăngsa | Pangeran Suta kang anèm | kang tunggal saibunira | kang nama Ratu Pacar | Ratu Jayasêntikèku | Ratu Kulampok Tubangsal ||
5. Ratu Salamah kêkasih | lan Ratu Rêtna punika | Ratu Khasan Ratu [Ra...]
--- [f. 10r] ---
[...tu] Khusèn | Ratu Pojok ingaranan | lan Ratu Ragil ika | Ratu Jumput kang jêjuluk | pan tigang dasa sêsanga ||
6. ya ta Jêng Pangeran Pêkik | ingkang amongmong kang eyang | punika ing salamine | nênggih Pangeran Mênggala | mêngkana caritanya | Jêng Pangeran Mênggala gung | pagunêman pra sêntana ||
7. jalu kalayan pawèstri | ngandika Pangran Mênggala | sapa pantês prayogane | iku kang kita alapa | ingkang pantês dadia | kramane Pangeran Bagus | kang prayogya pramèswara ||
8. Pangeran Pêpati angling | nênggih pamilih manira | rayi sing Jakarta darbe | putri ayu tur sêmbada | Ratu Martakusuma | punika jêjulukipun | warnanya pantês dadia ||
9. sêsotyaning dalêm puri | matur Pangeran Mênggala | yèn sampun mufakat kabèh | manira
--- [f. 10v] ---
angaturêna | malêbêt manakawan | ing rayi Jakarta iku | sampun katur ingkang putra ||
10. Pangeran Jakarta nênggih | kalintang dènira suka | tumingal dhatêng mantune | sampun lami pêpacangan | dèrèng dèn panggihêna | ngantos wêwangunanipun | pangangge lan padalêman ||
11. barang niskaraning kardi | apan nênggih kangjêng rama | botên tumut amiraos | sinrahkên karya sêdaya | Dyan Pangeran Mênggala | karya alit miwah agung | parêng Pangeran Pêpatya ||
12. sampun brêstha kèhing kardi | sakathahing wêwangunan | baya gatra ing panggihe | uwar marang padêdesan | kinèn samya dhatênga | ya ta panggih karywa arju | orêg kang wong sanêgara ||
13. suka sakèh kang pra mantri | myang sêntana lan punggawa | jêng gusti binayangkare | apa ingkang nora nana [na...]
--- [f. 11r] ---
[...na] | sangkêp ingkang tontonan | langkung ebat kang andulu | myang amêng-amêngan sabrang ||
14. wong Cina miwah wong Êncik | wong Kêling wong Lampung ramya | ngaturi kasukan kabèh | atanapi wong Wêlănda | Anggris samya pêpadan | sampun palasta rahayu | puh durma salin carita ||
3. Durma
1. amênuhi sang nata dènnya kasukan | wêtawis sangang warsi | Suhunan Mêtaram | wruh Pangeran Jakarta | sampun atilar nagari | wus wong Wêlănda | ing mangke kang gêntèni ||
2. Kangjêng Sultan Mêtaram nulya utusan | anglurug ing Batawi | kinèn ayudaa | aran Ki Baurêksa | akathah wadya kang ngiring | mantri punggawa | saha wadya lumiring ||
3. tanpa wilis kang wadya kêthèn alêksan | bala saking Mêtawis |
--- [f. 11v] ---
tan kawarnèng marga | wus prapta ing Jakarta | sêmana anulya jurit | Ki Baurêksa | lir singa galak wani ||
4. sinêngkalan dènira kang apus gita | lir buta tatanèki |[11] anibèng buntala | lamine măngsa ika | aywa malintang sêsilir | tan pedah sira | yèn tan wruha ing wèsthi ||
5. duk sêmana Sri Bupati Surasowan | lagya agunêm sami | akarsa utusan | kinèn anugurana | ing Tanggêran watêsnèki | ingkang tinaha | mênawi wong Mêtawis ||
6. gawe êlok tambang balik sri mêngkana | karane dèn cawisi | kang kinèn punggawa | tugur anèng Tanggêran | kang kinarywa senapati | jêjulukira | Tumgung[12] Wirautami ||
7. kancanira Kyai Răngga Wirapatra | nênggih punggawa kalih | kang kinăndha-kăndha | pracayane sang nata | pamicara myang kuwani [kuwa...]
--- [f. 12r] ---
[...ni] | asring cinoba | winidik dening gusti ||
8. ya ta rame kang prang sadina-dina |[13] wong Mêtaram katitih | kathah ingkang pêjah | dèn tembak sing palatar | myang panuwêk tinggar nênggih | baris kang têbah | dèn tembak mali-mali ||
9. kalăntaka mriyêm kang kinarywa nembak | wong Mêtaram katitih | nora kêna mara | kewuhan Baurêksa | polahe dènira jurit | tan kêna molah | parêk adoh dèn bêdhil ||
10. pitung wulan lamine dènira yuda | tan ana măngga pulih | wadya kèh kacurnan | tan ingetang kang pêjah | wus angênês wong Mêtawis | Ki Baurêksa | kurda mahambêk pati ||
11. enjing nêmbang têngara mangsah ing yuda | sakèh punggawa mantri | kabèh samya prapta | sêdyanya Baurêksa | arsa lumêbêt awani | sing lawang kutha | arsa dipun wadungi ||
12. kang sawênèh arsa
--- [f. 12v] ---
mêmènèk kewala | sigra ăndha rinakit | sawênèh akalnya | ana agawe tampar | karsanira dèn uncali | dèn go rambatan | minggah nurut têtali ||
13. kathah kang wong prêsamya arêbut akal | karêpe wus kajodhi | Baurêksa mojar | hèh payo batur kănca | mung iki petangan mami | apêsing kofar | kuwat kita samangkin ||
14. Wirayuda Wiragalba Wirakuswa | Wirakonjara malih | wus rêmbag sêdaya | mantri miwah punggawa | lurah bêkêl aja kari | kulon mêtua | sêrangên dipun wani ||
15. Singarêksa Singagalba Singabraja | lawan Singagintiri | iku sarewangnya | lurah lan bêkêlira | punggawa kalawan mantri | mêtuwèng wetan | têka rangsêgên wani ||
16. Yudahita Yudagatra Yudapraya | kalawan Yudagati | myang sarewangira [sare...]
--- [f. 13r] ---
[...wangira] | milua mring manira | mêtu kidul kita mangkin | kita pajupat | drapon bingunging jurit ||
17. hèh wong batur aja na sira pêpeka | lan aja sira lali | aja na kang tinggal | bêbêsêl pajimatan | wêwêsèn gandhu waringin | mastika kêrang | buntêt keyong kêmiri ||
18. Kyai Baurêksa matêk jayanira | hong murangrang-muringring | tugu mani munya | sun bandhang sun bandhunga | rêp sirêp sakèhing muni | sakèhing braja | punglu tan anêdhasi ||
19. kang wong fêkir santri wus samya mêmaca | sêdyanya aprang sabil | sakèh kabisanya | donga kang dipun waca | anênêdha ing Ywang Widi | muga kabula | dèn kuwatêna mami ||
20. sampun tutug dènira samya mêmaca | dèn srahakên ing widi | sakarsaning Sukma | angrèh dhatêng kawula | apa karsane
--- [f. 13v] ---
ing nguni | mangkya punika | mapan têka pinanggih ||
21. wus mufakat sakathahing pamicara | nulya têngara muni | sigra pun Wêlănda | angrakit bêdhilira | mimis sumbu dyan rinakit | tumbaknya cawang | tanapi tumbak mimi[14] ||
22. myang gurnada gutuk api wus pinasang | tunggule dèn gêgandhi | lopèrès sareyan | angunus pêdhangira | ngangsahakên sakumpêni | ingkang tan mara | pinêdhang saking wuri ||
23. sakèh kofar sami dèn inumi arak | sakira êndêmnèki | samya wuru sira | tambure asauran | têngarane mangsah jurit | ya ta dèn rangsang | ing kutha baluwarti ||
24. sêdyanipun anggunturana bêbathang | umangsah wong Mêtawis | binêdhil kèh pêjah | wangke pating sulayah | prandene datan tinolih | ing wingking mangsah | mundur anandhang kanin ||
25. Baurêksa [Bau...]
--- [f. 14r] ---
[...rêksa] binêdhil nora wigêna | tinitir ya ta kêni | Baurêksa malsat | kasangsang anèng wrêksa | prêrandene tan ngêmasi | ya ta punggawa | mulat ing senapati ||
26. wus kacurnan miris atine sêdaya | mundur sakèh wadya lit | ngênês wong Mêtaram | ya ta Ki Baurêksa | mati aprang ing Bêtawi | lêbar durmanya | gumantya puh artati ||
4. Dhandhanggula
1. wus kawarta dhumatêng Mêtawis | lamun Baurêksa wus palastra | anulya jêng sultan age | utusan malih sampun | Mangkubumi ingkang tinuding | lan malih kang punggawa | Arywa Singaranu | wadya lit tanpa wilangan | bala ingkang nusuli marang Bêtawi | pêpikul lawan kuda ||
2. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta kabèh ing Jakarta |
--- [f. 14v] ---
ya ta ambanjur prang rame | alah ingkang rumuhun | lami-lami lêsah Mêtawis | dipun tunggu kewala | tan ana kang sanggup | mangsah nora mundur nora | samya sakit kathah kang wong ngêlih mati | kakirangan ing têdha ||
3. kawarnaa ingkang tugur mangkin | ing Tanggêran Răngga Wirapatra | kang kasusra kawanène | kalayan ki tumênggung | polahira punggawa kalih | sêmana wong Mêtaram | sinung têdhanipun | apadene wong Wêlănda | sinung têdha lumintu dipun sungsungi | brêras miwah wowohan ||
4. lintang dènnya asih wong Bêtawi | katuwukan dènira amangan | datan towong sadinane | tanapi wong Mêtarum | sinung brêras kalawan pari | miwah jêjêwadahan | patang puluh pikul | ki tumênggung marang kutha | sawadyane singgahane [singgaha...]
--- [f. 15r] ---
[...ne] abarangin | samya bêkta wanodya ||
5. wong Mêtaram kabèh wus sumingkir | wong Wêlănda têka dipun bêkta | wong Mêtaram langkung jrihe | dhatêng Ki Răngga iku | Pêngalapan tingkaherèki | tur wong Wêlănda ika | sêparane tumut | binêkta dhatêng Tanggêran | asêsanjan tan ana kang dèn tahani | Ki Tumênggung luwihnya ||
6. Kyai Răngga Wirapatra angling | lah ta payo sêdhêng mangsanira | ing wong lêkas gawe gêdhe | payo samya tinêmpuh | wong Mêtaram iki wus lami | nora drêrana ingwang | lawas padha nganggur | payo padha kita aprang | ingsun ngamuk pan kêris ingsun kêkalih | pantês lêbur lan ingwang ||
7. tanpa karya manira puniki | lamun nora amanguna yuda | panas atiningsun mangke | padha mangan aturu | Ki Tumênggung Wirautami | dukanipun kalintang [ka...]
--- [f. 15v] ---
[...lintang] | asru dènnya muwus | apa karêpira Răngga | baya nora nana ingkang wani maning | mung sira dhèwèk lanang ||
8. nadyan ingsun nora wêdi mati | lamun ana timbalaning nata | nora nganggo karêp dhewe | ywa micarèng kêladuk | ing kawanèn kala yèn angling | dadi apa ta kita | kêna ing bêbêndu | anglêlangkungi ing karsa | wong kinongkon iya lamun kaprêyogi | nganggo karêp priyăngga ||
9. dadya marêm Kyai Răngga nênggih | karsanira sampun ingawêngan | akèh-akèh pituture | ya ta Kyai Tumênggung | pan Ki Răngga dèn arih-arih | pranitining ngawula | dèn bisa ywa tungkul | asimpên marang kawignyan | myang kawanèn aja andokon sawanci | têmah katêtiwasan ||
10. lami-lami sampun tan kuwawi | Ki Tumênggung Singaranu [Singara...]
--- [f. 16r] ---
[...nu] ika | têka morod mulih kabèh | mantuk marang Mêtarum | wadyanipun ingkang agrêring | tinilar tan kekutan | ya ta wong kang kantun | ing gunung ing pasawahan | papêriman jaran tumbak miwah kêris | winade lawan bêras ||
11. jaran siji padha dèn urupi | lawan bêras sakulak rêganya | tumbak kêris sapênawèn | ya ta ngalor wong iku | marang Bantên ing gunung sabin | padha apapêriman | mèh rusak wong gunung | arubung wong papêriman | akèh mati ing natar miwah ing margi | mayit pating sulayah ||
12. milanira katêlah ing mangkin | wong Mêtaram samya winadanan | wong ambêndhul wadanane | dening kalintang kuru | kari netra kalawan kuping | kang mungal katingalan | karane ambêndhul | paose punang carita | sampun sirêp tan ana
--- [f. 16v] ---
ingucap malih | gantya ingkang winarna ||
13. sinêngkalan mêngkana anênggih | duk mulihe Singaranu ika | tata indri tata rajèng |[15] mêngkana ing pamuwus | pintên baya lamine mangkin | ing nagara tan metang | darma têka ngapus | binadhe kaya wong praja | milu-milu kaya lakuning wong singgih | pêksa kalokèng praja ||
14. saundure ki tumênggung nênggih | wontên gantya ingkang cinarita | wong Bantên kalakuane | tansah ngulêri iku | sabên wulan dipun bajoni | wong Jakarta punika | Kêlasi lan Wangsul | wong Wandhan padha dèn iwat | pan winade ing Lampung mèh sabên sasi | dèn urupakên bêras ||
15. lawan pari yèn ing măngsa iki | kang kalaku pari pongo ika | buktine wong Bantên kabèh | sing Lampung wijilipun | apuragi ing gustinèki | wos pantun kang kalampah [kala...]
--- [f. 17r] ---
[...mpah] | tan kadya mangke ku | bêras dhatêng saking wetan | panêmpure wontên ta kocapa malih | Kapitan Êmur[16] ika ||
16. sabên wulan sabên taun prapti | atur-atur kalintang wêdosnya | anorakên ing dhirine | gusti rêna kêlangkung | ing Wêlănda duk lagya dhingin | sampun lami Kapitan | Hèr Êmur puniku | langkung sêkêl driyanira | akèh ilang uwong miwah kêbo sapi | kathah samya dèn bajag ||
17. mring wong Bantên ingkang ala nênggih | duk sêmana Kapitan Mur nulya | mentar mring Bantên ge-age | marak dhatêng sang prabu | kathah atur-aturirèki | kampuh kalawan obat | mimis alit agung | satus êtong kathahira | mapan mawi sêsêmon sapraptanèki | tan dangu pinanggihan ||
18. ing pasohan dènira manggihi | kangjêng sultan sinewakèng wadya | têkèng alun-alun ambèr | pêpêk kang punggawa
--- [f. 17v] ---
gung | myang sêntana lan para mantri | ature pun kapitan | katur ing sang prabu | Kapitan Êmur sêmana | sakêlangkung dènnya nganorakên dhiri | rumasa tiwasira ||
19. mênawa kêna bêbêndu mami | pan mêngkana ciptanirèng manah | mulat mring jêng sultan mangke | kalintang ajrihipun | ya ta matur kapitan aris | tabe kawula tuwan | yèn sêmbadèng kayun | ngaturi amêng-amêngan | ing sang nata kawula tuwan tulungi | angaturi kasukan ||
20. panjang lamun winarna anênggih | langkung suka tyasirèng narendra | myang punggawa sakabèhe | tansah angayun-ayun | ing ayuda sêlaminèki | cêndhêke kang carita | sang nata ngêdhatun | enjing miyos sri narendra | pêpêk kabèh sêntana warga tanapi | nung-anung pra punggawa ||
21. miwah mantri ingkang ngapti-apti | sampun pêpêk anèng panangkilan | jêng sultan pan sampun miyos |
--- [f. 18r] ---
wus pinarak sang prabu | ingkang putra wus munggèng ngapti | tumungkul jrih ing rama | tan amawas dulu | mêngkana ing ciptanira | tuhu lamun khalifah dutaning Widi | gumantya ing sri nata ||
5. Sinom
1. kocapa Sri Naranata | sineba ing pra bupati | pêpêkan munggèng ngayunan | sakathahing para mantri | miwah putraning aji | agêng alit munggèng ngayun | nênggih Pangran Mênggala | sapunika sampun lalis | angêndika jêng sultan marang punggawa ||
2. ingsun arsa akasukan | iya kêlawan Kumpêni | nanging ta aja têmênan | sakira-kiraning jurit | Ki Răngga matur aglis | kawula amit rumuhun | amimiti mêcalang | angêndika sri bupati | aja lunga ingsun nora kon punggawa ||
3. asring uga kapiarsa | polahe Ki Răngga nênggih | nora bisa ngampêt ujar | pan asring
--- [f. 18v] ---
dipun dukani | dhatêng sri narapati | Ki Răngga sêrênging bêndu | ya ta datan winarna | wus jêngkar sri narapati | sakathahe punggawa dandan pêcalang ||
4. wong cilik-cilik kewala | saking sêdyane pribadi | datan amawi parentah | dènira samya mêdali | pun angin wastanèki | cili manggar sapêrau | pun Suta lan pun Rawan | pun Wahirah Gus Suradi | Kyai Kundhur samya kesah sewang-sewang ||
5. tan alami nulya mangsah | yuda Ki Abid anênggih | akèh olèhe jarahan | Wêlănda datan kuwawi | mandah punggawa mantri | dèn idinana puniku | pasthi rusak Jakarta | lampahe măngsa puniki | ya ta kadya lampahing amêng-amêngan ||
6. malah-malah pun Wêlănda | adus ing muara sami | wong Bantên samya nêningal | ya ta kawarnaa malih | ing Tanah Ara nênggih | nayaka ingkang alungguh [a...]
--- [f. 19r] ---
[...lungguh] | Tubagus Wiraraja | mêngkana dipun lêbêti | Tanah Ara dènira Wêlănda kathah ||
7. anênggih wong Tanah Ara | samya bubar ngili mudhik | ya ta sami jinarahan | pêraune tênggang nênggih | dèn bêkta mring Bêtawi | wontên sêdasa prêrau | wus mulih wong Wêlănda | wong Tanah Ara pan mulih | langkung duka Pangran Pêpati ngandika ||
8. mêngkana timbalanira | agawe wêwirang mami | dening nora kangsi prêrang | kaya lakuning pawèstri | besuk ingsun kirimi | jăntra siji lawan pusuh | ngandika sri narendra | paman sampun dadya runtik | lêhêng mangke Wirarêja[17] alihêna ||
9. wus ngalih ing Surasowan | sêmana dipun pênêdi | ya ta nulya tinakenan | dening Wăngsadipa aris | punapa liring nguni | botên anglawan puniku | mojar Tubagus [Tu...]
--- [f. 19v] ---
[...bagus] Rêja | manira ayun ajurit | nora nana kănca manira umangsah ||
10. wong Tanah Ara sêdaya | nora kêna ingsun titih | nora karèh ing manira | nora kumpul marang mami | akèh gone sumiwi | adhêpe ing liyanipun | dadi mangke punika | kinumpulakên gon siji | ingkang angrèh nora kapiran ing karywa ||
11. nêngêna datan winarna | kocapa kang wong Bêtawi | Wêlănda malih umangsah | kapal rongpuluh kang prapti | ing Tanah Ara nuli | nèng muara samya labuh | jrahan sing Tanah Ara | samya binêktanan malih | sinumpungan sakèhing linggining tênggang ||
12. ginandhèng dèn gawa layar | mangulon mangetan malih | dipun karywa pamêmirang | kapale kang dipun iring | agêngipun tan sipi | kang winastan pun Burungut | ingkang kinarywa ambral | alapis [a...]
--- [f. 20r] ---
[...lapis] têmbaga wêsi | dipun buntung cocore kapal punika ||
13. kapal samya lêlayaran | tadhah kanan tadhah kèri | angetan ngulon nyênjata | pun Burungut labuh pinggir | ya ta sri narapati | miyos baluwarti agung | pinarak lan kang putra | sakèhing nayaka ngiring | kabubuhan baluwarti sowang-sowang ||
14. gègèr kang wong jawi kitha | sakèhe kang wong pasisir | samya ngili mudhik sira | ing jro kutha samya cawis | karya bètèng kang bêcik | anênggih ing wismanipun | anulya pun Wêlănda | sêmana nulya ambêdhil | sri narendra nulya malês anyênjata ||
15. Wêlănda bêdhil ping tiga | sri narendra ambayari | kapal winalês ping tiga | datan arsa anglangkungi | sampuning lami-lami | anênggih bubuhanipun | Jêng Pangeran Pêpatya | dèn karutug dèn bêdhili | jêng
--- [f. 20v] ---
pangeran datan kêna yèn malêsa ||
16. wadyanira ngêkês samya | alingan kutha abêcik | sri narendra angêndika | dhumatêng Ki Răngga nênggih | Răngga matura aglis | mring paman Pêpati iku | lah apa karanira | binêdhil nora malêsi | ya ta mentar Kyai Răngga Wirapatra ||
17. sampun prapta ngarsanira | Kyai Răngga awotsari | punapaa jêng pangeran | sinênjata tan malêsi | Pangran Pêpati angling | Răngga nora kêna ingsun | ulah ngisèni obat | mimis têkèng kapal iki | kaya udan tibane ing ngarsaningwang ||
18. ya ta Răngga Wirapatra | têngginas amundhut mimis | samêkta lan obatira | nulya bêdhil dèn kakahi | sampun dipun isèni | binêdhil kapal kang agung | kêna gègèr wong kapal | sinurak sing
--- [f. 21r] ---
baluwarti | kapiarswa tibaning mimis gêmropyak ||
19. miring kapal ingkang kêna | Pangeran Pêpati angling | babo Kyai Wirapatra | mandaha wus duwe benjing | wong sèwu manahnèki | karêpe kalangkung-langkung | sampun wangsul Ki Răngga | wus katur marang sang aji | pun jêjaka tuwa sampun ingisenan ||
20. pun Burungut sinênjata | sapisan anulya kêni | gègèr wonge kapiyarswa | sinurak sing baluwarti | samya anglokkên kêni | ya ta bêdhah pun Burungut | nulya ginandhèng enggal | alayar binêkta mulih | sampun prapta pun Burungut ing Jakarta ||
21. rarywan dandan mangun yuda | pun Burungut dèn dandani | ri sampunira wus dadya | anulya umangsah malih | pun Burungut wus prapti | labuh pinggir tatalikur | aglis nulya nyênjata | mimis tibèng Pratasari | gya winalês sing baluwarti sapisan ||
22. nalika dintên Sêlasa |
--- [f. 21v] ---
sang nata miyos tinangkil | pêpêk sagung para paman | miwah punggawa lan mantri | ya ta samya tinari | kaya priye akalipun | Si Burungut kênaa | kalawan pangulah ririh | ya ta matur manêmbah Ki Wirapatra ||
23. mênggahing kajêng kawula | botên kêkathahên kapti | dawêg sami inginggahan | raintên kimawon gusti | amba sagah nglampahi | yèn wontên pêngajèng prabu | kèndêl Sri Naranata | Kyai Răngga matur aris | inggih gusti manawi sêmbadèng karsa ||
24. lêhêng sami binrêranang | angêndika sri bupati | apa kinarywa brêranang | Wăngsadipa matur aris | benjing kawula kardi | yèn sampun sêmbadèng kayun | ya ta Ki Wăngsadipa | kadhahar aturing gusti | nulya rakit bêranang sakèh punggawa ||
25. prêsamya karywa brêranang | sakèh tênggang lawan kèci | sêdaya wus ingisenan | larahan [la...]
--- [f. 22r] ---
[...rahan] kang aking-aking | sêdaya dèn kêbêki | kèhing prêrau rongpuluh | ya ta datan antara | bêranang sampun rinakit | senapati Kyai Răngga Wirapatra ||
26. akathah ingkang punggawa | kabubuhan siji-siji | sampun kinanthèt bêranang | kadya lampahing anjaring | ya ta sampuning wêngi | brêranang binêktèng laut | wong kapal tan uninga | lamun arsa dèn obongi | ya ta nulya kinubêng Burungut sigra ||
27. dèrèng têpung kubêngira | wontên punggawa satunggil | trêkanira wus kubêngan | agahan karsanirèki | brêranang dèn sulêdi | abyor muntab sampun murub | gègèr sakèh Wêlănda | waspada yèn mungsuh gêni | dipun tatas tali jangkar nulya layar ||
28. sisiping wadya punika | kêlangkung dènira runtik | Kyai Răngga Wirapatra | mêmisuh [mêmi...]
--- [f. 22v] ---
[...suh] wêwatêknèki | kang tiwas anoragi | ya ta asrah dhuwungipun | pan sampun ingapura | mêngkana malih winarni | nora lami pun kapitan ngandhap-andhap ||
29. marak dhatêng sri narendra | sarywa tur busana adi | ya ta sampun pinanggihan | pun kapitan matur aris | atur kawula gusti | anuhun sihirèng prabu | kawula tunggul pêthak | anuhun bêdhamèng gusti | sampun lami alêsah kawula tuwan ||
30. upami benjing kawula | lan wadya sri narapati | kadya lampahing wanodya | ingkang salaki sarabi | mangkya ambêngkalahi | ing sakêdhap pênêd wangsul | apanjang yèn winarna | wus bêdhama bêcik maning | binabadan duk lagyanya Binrêranang ||
31. gana tinatèng wisaya- | ning ratu mawi sêsilir |[18] nahan ingkang kawuwusa | punapa malih winarni | dawêg pinrih ngulari [ngular...]
--- [f. 23r] ---
[...i] | pituture ingkang wêruh | pan arsa sinalinan | mangke sampun gantya warti | tinêmbangan mêgatruh lamun sêmbada ||
6. Mêgatruh
1. ênêngêna kang winarna kapir wau | wontên kang winuwus malih | Suhunan Mêtaram iku | duka marang Ki Dipati | Ngukur kari ing palugon ||
2. duk bangiyèn lagine Pasingaranu[19] | alorod saking pabaris | nyanane Mêtaram iku | wus tingkahe tan kuwawi | mungsuh Jakartèng palugon ||
3. ya ta lorod saking paprangan wong Ngukur | samya karywa bètèng titih | sakèh pêrayangan iku | ragêm samyarsa ambalik | wus rêmbag gunême kang wong ||
4. ya ta aglis Mêtaram sampun mring Ngukur | kumpul prêrayangannèki | sampun aprang rame cucuh | ya ta wontên kocap malih | wong Sumêdhang amiraos ||[20]
--- [f. 23v] ---
5. yèn mêngkene ing Sumêdhang iki besuk | nora wurung dèn lurugi | angur kita mumpung durung | payo lunga saking riki | angungsi ing Bantên mangko ||
6. ya ta Dêmang Sêcawêcana puniku | dhatêng nagri Surasaji | sampun sumawita iku | lintang rêna sri bupati | kathah bêbêktane kang wong ||
7. dyan warnanên Ki Adipati ing Ngukur | yudane sampun katitih | wus rusak nêgri ing Ngukur | ya ta wau ki dipati | lan pêrayangane kang wong ||
8. wus lumayu minggah dhatêng luhur gunung | Panaekan wastanèki | ya ta Ki Dipati Ngukur | utusan ing Bantên nuli | anênggih ingkang kinongkon ||
9. kang dinuta mantune lan putunipun | Dêmang Tisnajaya kang sih | lawan Wăngsaraja iku | sapraptaning Bantên nênggih | sampun katur mring sang katong ||
10. gih punika sêsilir rusak ing Ngukur | rêtu tata buta wani |[21] ya ta mêngkana winuwus |
--- [f. 24r] ---
sampun katur ing sang aji | sampuning ngandikan kang wong ||
11. sampun katur ature Dipati Ngukur | ya ta sang sri narapati | angandika kinèn mêthuk | dhumatêng ki adipati | wontên malih winiraos ||
12. ya ta malih sri narendra karsanipun | utusan ing Mêkah nênggih | sarywambêkta atur-atur | dhatêng Sultan Mêkah nênggih | ing ngarsa tinêmbang sinom ||
7. Sinom
1. pinarak Sri Naranata | ing Made Gayam sang aji | pêpêk sagung para putra | miwah punggawa lan mantri | tata pangligihnèki[22] | munggèng sandhaping bêbatur | ngandika sri narendra | paman Pangeran Pêpati | yèn suwawi kawula arsa utusan ||
2. mila kularsa utusan | angyêktosi pun Dipati | ing Ngukur yêktine mangkya | umatur Pangran Pêpati | inggih gusti prayogi | sintên ta ingkang [ing...]
--- [f. 24v] ---
[...kang] dèn utus | sang nata angêndika | hèh Dêmang Tisnajayèki | atanapi Kyai Dêmang Wăngsaraja ||
3. matur Dêmang Singajaya | Wăngsaraja anambungi | kawula gusti nênêdha | yèn paduka utus wali | dhatêng Ngukur samangkin | wontên sêdya kawulèku | amba arsa tumuta | ing utusan sri bupati | minggah haji nuhun idine sang nata ||
4. sapamênggah tan ngandika | kêlangkung èmêng sang aji | kapriye yèn tan awèha | ing wong arsa angabêkti | ya ta ngandika aris | marang Wăngsadipa iku | kaya kapriye iya | dadine kongkonan mami | ya ta matur wotsêkar Ki Wăngsadipa ||
5. inggih gusti yèn sêmbada | pun dêmang punika gusti | langkung sangêt panuhunnya | arsa tumut minggah haji | yèn tan dipun lilani | tan prêyogi kang tan asung | yèn suwawi ing karsa |
--- [f. 25r] ---
kang dèn utus Ngukur gusti | prêyogine pun Dêmang Sêcawêcana ||
6. Ki Dêmang Sêcawêcana | anulya dipun dhawuhi | ingutus mring Ngukur sigra | dyan ki dêmang nêmbah amit | wus lumêksana aglis | samakta gêgamanipun | ya ta Sri Naranata | ngandika mring Lêbe Panji | hèh Kya Lêbe ya sira milua lunga ||
7. lan Si Dêmang Tisnajaya | lan Si Wăngsaraja iki | karo dèn dadi pangiwa | lan gawanên kitab mami | Markum lawan Muntahi | karone gawanên iku | karsaningsun anêdha | ing Sultan Mêkah nêgari | ing murade kitab sun têtêlu ika ||
8. lan iki dèn aturêna | cêngkèh pala lan pohjênggi | cêndhana dhèdhès lan panjang | mêgori lawan kêsturi | têmpaos lan mêsoyi | lawan garu têlung pikul | lan ingsun têdhakêna | barêkah baranging warni | lawan ingsun têdhakna wong kang ngulama [ngula...]
--- [f. 25v] ---
[...ma] ||
9. kang mulya pantês dadia | damaring Bantên nêgari | anaa têka satunggal | luwih sukur yèn kêkalih | kang kinèn awotsari | ya ta kangjêng sang aprabu | wus jêngkar angêdhatyan | warnanên ingkang lumaris | ingkang sêdya dhumatêng Ngukur nêgara ||
8. Pangkur
1. Ki Dêmang Sêcawêcana | lampahira praptèng jajahan wukir | têpis wiring nêgri Ngukur | nanging tan kêna mara | pêpêt dening gêgaman Mêtaram iku | ngalèr dhatêng wanawasa | kang ngêpung kyai dipati ||
2. Kya Dipati Ngukur ika | wus lumayu lawan sawadyanèki | prêrayangan kabèh tumut | sisane ingkang pêjah | sampun risak desa ing Ngukur puniku | anênggih ki adipatya | lumayu minggah ing wukir ||
3. ingkang aran Panaekan | Kyai Dêmang Sêcawêcana nênggih | kèwêdan ing lampahipun | mapan tan angsal marga | saking êlor kulon wetan wus kakêpung |
--- [f. 26r] ---
têlas samya jinarahan | sarajadarbèk kang kari ||
4. brêstha gêmpang padêdesan | kyai dêmang micarèng jroning ati | yèn mêngkene lakuningsun | lawan tan olih karywa | angur ingsun iki baya pênêd mantuk | mênawa Sri Naranata | sangêt yungyunên ing mami ||
5. Ki Dêmang Sêcawêcana | ya ta wangsul mantuk mring Bantên malih | datan winarna ing ênu | sampun prapta ing kitha | kangjêng sultan sineba ing sitiluhur | ki dêmang wus tinimbalan | sampun marak ing nrêpati ||
6. ki dêmang matur wotsêkar | inggih gusti amba tan angsal kardi | nênggih pun Dipati Ngukur | sampun tilar nêgara | pan lumajêng ing Panaekan pukulun | kawula tan kenging mêksa | èwêd sampun dèn barisi ||
7. tan wontên marga kang towang | wong Mêtawis gusti sampun ngubêngi | pintên-pintên wadyanipun | kèbêkan kèhing marga | inggih [ing...]
--- [f. 26v] ---
[...gih] gusti kawula nuhun bêbêndu | lampah kawula tinitah | lami botên angsal kardi ||
8. sang nata aris ngandika | iya dêmang kangelan sira iki | anadening lakunipun | Dipati Ngukur ika | lagi durung untunge têmu lan ingsun | dumadak akèh prêkara | anulya sri narapati ||
9. amundhut kampuh lan reyal | kyai dêmang anulya dèn paringi | kampuh reyal patang puluh | ki dêmang awotsêkar | nulya salin ing ngayunaning sang prabu | amicarèng jroning nala | mandahane lampah mami ||
10. dinuta angsala karywa | mandahane ganjarane sang aji | parandene lakuningsun | iki pan katiwasan | nyananingsun prapta ngong olèh bêbêndu | nahan ingkang kawuwusa | kocapa Ki Lêbe Panji ||
11. sampun prapta ing Maldewa | sing Maldewa nulya mancal ing Kêling | saking
--- [f. 27r] ---
Kêling nulya rawuh | dhatêng nêgara Surat | ya ta kèndêl alami wontên ing ngriku | angantosi kapal kesah | dhatêng ing Mukha nêgari ||
12. mêngkana kang cinarita | ya ta wontên baita kapal prapti | akathah tur agung-agung | punika kapal wakaf | ya ta nulya Kyai Lêbe minggah sampun | sakathahe rencangira | ingkang samya minggah haji ||
13. sampun layar kapal wakaf | ya ta prapta jroning Judah nêgari | sêdaya wus mêntas sampun | lami wontên ing Judah | angantosi anênggih rencang lumaku | ya ta sampun kêkumpulan | ontane sampun cumawis ||
14. tan winarna duk ing marga | pirang-pirang dina dènnya lumaris | kawarnaa praptanipun | marang Mêkah sêdaya | sampun katur ing Sultan Sarif Jèd iku | matur yèn wontên utusan | kasmaran ingkang ningali [ninga...]
--- [f. 27v] ---
[...li] ||
9. Asmaradana
1. sêdaya pan sampun prapti | Kyai Lêbe Panji ika | lan Dêmang Tisnajayane | katiga Mas Wăngsaraja | wus katur ing Jêng Sultan | Sarif Zaèd[23] kang sinêbut | katur yèn wontên utusan ||
2. sampun ingandikan sami | katiga dhatêng ngajêngan | ya ta Kangjêng Sultan Zaèd | sigra anguluki salam | tri duta samya jawab | lajêng sumungkêm ing suku | angaras padanya sultan ||
3. katiga sami nungkêmi | ri sampunira mêngkana | angandika Sultan Zaèd | kinongkon apa ta sira | matur Ki Lêbe nêmbah | kawula gusti ingutus | sarta ngaturakên sêrat ||
4. sampun katur punang tulis | kang sêrat nulya binuka | sêmana nulya winaos | mêngkana ungêling srêrat | salam taklim kawula | katura Kangjêng Sinuhun | Sultan Sarif Zaèd Mêkah ||
--- [f. 28r] ---
5. lan pintên-pintên kang puji | sakèhing kang kautaman | puji kang ngiringi mangke | lawan ati ihlas tuwan | donga kang sanityasa | ing siyang kalawan dalu | ingkang nêlasakên ika ||
6. kautamaning sêkalir | pitung bumi pitung kasa | ingkang mêngku ing sakabèh | ing jagat ing pramudita | ingkang mimiti karsa | ingkang mêkasi ing kayun | kang agung kang amisesa ||
7. myang ta ingutusanèki | nabi mursal kang wiwitan | kinarywa panutub kabèh | Nabi Ngalèhi Wasalam | dutaning ywang kang mulya | sampuning kadya puniku | anênggih atur kawula ||
8. punika panjang mêgori | pohjênggi cêngkèh lan pala | mêsoyi cêndhana dhèdhès | têmpaos katur sêdaya | lan malih tur kawula | nuhun barkah jêng sinuhun | punapa dèn dhawuhêna ||
9. lan kawula nuhun malih | murading kitab kawula | Markum [Mar...]
--- [f. 28v] ---
[...kum] lan Wujudiyahe | kalawan Muntahi tuwan | kawula nuhun murad | lan malih kawula nuhun | têtiyang alim satunggal ||
10. ingkang purun angêjawi | kang kenging kinarywa pandam | ing nagari Bantên mangke | kawula angarsa-arsa | ing panuhun kawula | rahajênga kang ingutus | ing safangat kangjêng tuwan ||
11. wus jêngkar Jêng Sultan Sarif | samya mantuk sowang-sowang | Ki Lêbe dhatêng pondhoke | tan lami Ki Lêbe nulya | mantuk ing rahmatolah | kalêbu bumi raharju | barang pamicaranira ||
12. barang wicara kang kari | ki dêmang lan Wăngsaraja | ingkang gêntosi wiraos | sampun lami anèng Mêkah | ya ta kang kawarnaa | sakèhing punggawa agung | sêdaya sami ngandikan ||
13. sêdaya wus samya prapti | angandika Sultan Mêkah | iku wajir kaya priye | surat saking Bantên ika | sakarsa [sa...]
--- [f. 29r] ---
[...karsa] pakênira | yèn ingkang pantês kaatur | matura mring Ngêrum sira ||
14. ya ta matur sakèh wajir | botên pantês yèn katura | prêyogi sampeyan anggèr | ya ta sampuning mangkana | atur-atur punika | sakèhing wajir puniku | samya sinungan sêdaya ||
15. kabèh wus binagi-bagi | sadaya sampun wêrata | sapantêse dhewe-dhewe | wajir wus bubar sêdaya | ya ta Sri Naranata | sampuning kadya puniku | sultan mêpêk wêwangsulnya ||
16. wus pêpêk ngarsa nrêpati | wêwangsuling Surasowan | miwah kêlawan surate | sampun sarywa ingulêsan | paos lamun winarna | lampahing wong kang ingutus | angarsa-arsa mantuknya ||
17. ing măngsa pan sampun lami | ki dêmang nulya ngandikan | dening Kangjêng Sultan Zaèd | sampun prapta ing ngajêngan | jêng sultan angandika | pan iki kêkirim ingsun | tunggul arja kang têtilar ||
--- [f. 29v] ---
18. Jêng Nabi Brahim ing nguni | kalane tunggul punika | duk kala kang rayi bobot | dinèkènakên ing wana | tunggul punika iya | pinanjêr ing wana agung | kang kinarywa panêngêran ||
19. kalayan punika malih | idêr-idêring astana | lawan ulês Kakbah mangke | iku wêwêkas manira | tunggul puniku benjang | iya sabên wulan Mulud | idrêrêna marang kutha ||
20. iringên sakèhing khaji | dèn kathah sidêkahira | lan dèn ihlas ing manahe | olèh pitulunging Allah | ing nagara punika | barkahe kang duwe tunggul | kalawan murading kitab ||
21. sampun palasta tinulis | lan namane sanak ingwang | ingkang rama jêjuluke | Sultan Bu Mufakir ika | Mahmud Dulkadir ika | ingkang putra namanipun | Sultan Bu Mungali Ahmad ||
22. lan Ratu Mêtaram iki | ingsun jênêngakên iya |
--- [f. 30r] ---
lan Ratu Mêkasar mangke | iku sun arani sultan | khaji kang nêkakêna | Sultan Bantên besuk iku | kabèh ingkang nêkakêna ||
23. nêgara têtiga iki | sun dadèkakên satunggal | yèn ana pitênah têmbe | wong kapir ingkang angrusak | atawa padha Islam | nêgara têtêlu iku | dadya wicara satunggal ||
24. tulung-tinulungan sami | dèn mufakat aja siwah | dimone padha kuwate | salakuning kang nêgara | anglakonana arja | dèn padha jurung-jinurung | mêngkana sajroning surat ||
25. amung ta kari sawiji | panjaluke sanak ingwang | ingsun tan sanggup olihe | wong alim ingkang arêpa | iya lunga ngêjawa | sakèhing wong alim iku | pan wus sun tari sêdaya ||
26. mapan ingsun ora kêni | amêksa ing wong tan arsa | iya ngulatana dhewe | mênawa kêna ngwicara | ingsun tan mangênana |
--- [f. 30v] ---
Wăngsadipa nêmbah matur | kawula naros priyăngga ||
27. Sèh Ibnu Ngalam puniki | ingkang jawab patakenan | kinèn dening Sultan Zaèd | sarta tinari yèn arsa | ngucap Sèh Ibnu Ngalam | apa gawe lakuningsun | têka lunga saking Mêkah ||
28. apa sun ulati maning | sun măngsa arêpa dunya | dadya lungguh ingsun asor | yèn lunga ingsun ngêjawa | tinggal nêgara mulya | mêngkana panjawabipun | tinari sakèh pandhita ||
29. mêngkana ing dina malih | marak sakèhing pandhita | ing ngayunan Sultan Zaèd | nimbali sakèhing wajah | sampun kumpul sêdaya | awajah kang saking Ngêrum | kalih atus kathahira ||
30. ki dêmang umarêk malih | lan Kiyai Wăngsaraja | angandika Sultan Zaèd | marang sakèhing awajah | angandika jêng sultan | hèh awajah kabèh iku | duta sing Bantên nêgara ||
31. mêngko arsa pamit mulih [mu...]
--- [f. 31r] ---
[...lih] | matur sakèhing awajah | inggih dawêg pamantuke | sampun lami lampahira | kawula yun uninga | kêkintun dalêm pukulun | kawula arsa uninga ||
32. pan iki kêkirim mami | gubah lawan ulês Kakbah | gubah tabêting têtèdhèng | sing astana Rasulullah | Salallahu Wasallam | ya ta wajah samya matur | punapa malih sêdaya ||
33. lan tapak andika nabi | kalawan tunggul satunggal | lan sun jênêngakên mangke | Ratu Bantên iku sultan | matur sakèhing wajah | prêyogi karsa sang prabu | lamun jumênênga sultan ||
34. pan kawula arsa uning | tunggul kang pundi punika | angandika Sultan Zaèd | tunggul titar punika |[24] duryat manirèng kina | kagèt pra wajah umatur | miwah sakèhing pandhita ||
35. kabèh matur saur paksi | èsmu runtik tyasnya wajah | yèn tunggul punika anggèr | kawula sangêt lênggana [lêng...]
--- [f. 31v] ---
[...gana] | dados punapa benjang | yèn katura dhatêng Ngêrum | mandah dukane maringwang ||
36. yèn sêdaya dèn takèni | kadospundi tur kawula | akèh kang lunga sing kene | sok aja tunggul punika | kêrana iku iya | pikukuhing Mêkah iku | sangêt panuhun kawula ||
37. angandika Sultan Sarif | hèh awajah sun nênêdha | yèn wurunga tunggul mangke | pasthi masgul tyas manira | wirang mring sanak ingwang | dening têmên adhêpipun | panute mring Rasulullah ||
38. adoh saking Bantên ugi | parandene aputusan | yèn para mêksa nora wèh | manira nrahakên raga | sakarsa pakênira | wus kawêtu ujar ingsun | kapriye lamun wurunga ||
39. angur ingsun rusak mangkin | kêlayan manira cidra | dening ujar wus kawiyos | apanjang yèn cinarita | sakathahing awajah | sêdaya mêdal kang êluh | miwah sagunging pandhita ||
40. tanapi Jêng Sultan Sarif | kang netya
--- [f. 32r] ---
èsmu karuna | ya ta ki dêmang miraos | lan Ki Êmas Wăngsaraja | yèn mêngkene wicara | kita iki angur gupuh | age lunga saking Mêkah ||
41. ki dêmang anulya amit | tur sêmbah mangaras pada | rêna Kangjêng Sultan Zaèd | ing pamite kyai dêmang | mundur saking ngayunan | sigra mangkat lampahipun | samya mantuk gêgêlisan ||
42. kawarnaa duk ing margi | dharat kadhang lêlayaran | pirang wulan nèng margine | tan winarna laminira | sampun prapta Ki Dêmang | ing Bantên samya rahayu | lir amanggih dhangdhanggula ||
10. Dhandhanggula
1. dyan warnanên ing Bantên Sang Aji | arsa mêthuk mangke punang sêrat | sang nata pangandikane | marang kyai tumênggung | hèh Tumênggung Wirautami | lah ta sira dandana | sakèhing prêrau | lan korab Si Indrajaya | Si Indrajit Si Indralêlana maning | padha pêpaèsana ||
2. pêpajangên ing jêmpana adi | sampun rampung sakèh pangandika [pa...]
--- [f. 32v] ---
[...ngandika] | nulya ki tumênggung age | nimbali kang panglaku | ingkang saban-saban tinuding | kabeh para nayaka | Kyai Gulangêmu | lan Ki Gulagêsêng ika | ki tumênggung muwus ing panglampah kalih | lah ta sira mintara ||
3. dyan warnanên mangke sri bupati | apan lagya pinarak sang nata | akalihan Nyai Gêdhe | atap pawèstri kumpul | para bibi sêlir taruni | miwah padhêkan tundhan | ing ngajêngan mungguh | tanapi padhêkan jaba | para nyai miwah èstrining pra mantri | atap munggèng ing ngarsa ||
4. atanapi ingkang para èstri | ing lêlurah tanapi rabinya | ing bêbêkêl sarupane | busana abra murub | warna-warna dinulu asri | pêngangge abra sinang | akèh yèn winuwus | ana kampuh papêradan | limar pathi kalayan limar sulindhit | sawanèh cêcêlêpan ||
5. ya ta ngandika sri narapati | wau dhatêng parêkan satunggal |
--- [f. 33r] ---
ingutus mring nata age | Ni Mbok Sumarma iku | Rudawati lan Nilawati | Sumarma lah lungaa | dèn aglis sun utus | Tumênggung Wirautama | besuk esuk punggawa konên acawis | mapag srat saking Mêkah ||
6. pantês lamun Sumarma winêling | karnanipun kang têngên kinarywa | aniling pangandikane | sêmune ajrih langkung | ngati-ati mênawi silib | tan katimbal sêdaya | iku ajrihipun | ya ta matur Ni Sumarma | sampun gusti rampung pangandika aji | iya uwus mintara ||
7. awotsêkar mêsat sing ngarsa ji | dyan warnanên nênggih drêparagya | pra nayaka sakathahe | miwah kyai tumênggung | sampun saos karsaning gusti | miwah sakèh punggawa | lawan mantri kumpul | bêbêkêl miwah lêlurah | sêdayane pêpêkan samya anangkil | saos karsaning nata ||
8. aglar ingkang nangkil darparagi | sandhaping sawo waringin jajar |
--- [f. 33v] ---
kang lêlinggih lumping akèh | Nyai Sumarma rawuh | Ki Tumênggung Wirautami | wruh yèn ana duta |[25] sing kadohan nguwuh | nyi êmbok bangga utusan | Ni Sumarma sumaur wêcana manis | nênggih kula dinuta ||
9. gya lumèngsèr wau saking lampit | ki tumênggung andhepok ing kesma | sakèhing punggawa kabèh | samya lumèngsèr sampun | dening wontên utusan prapti | ya ta Ni Mbok Sumarma | jajar dènnya lungguh | manêbda Ni Mbok Sumarma | ki tumênggung jêngandika mangkya tampi | timbalan sri narendra ||
10. sapunika timbala[26] nrêpati | Sumarma sira mintara enggal | dhawuhna timbalan ingong | ya marang si tumênggung | besuk esuk konên acawis | sun arsa mapag surat | dandana pêrau | korab Si Jayasampurna | talamba gung Si Indrajala dèn uwis | Si Drajit lêladingan ||
11. Carangyuda
--- [f. 34r] ---
lawan Carangsari | lêlanang ika Si Margaarja | lan Si Margayuda mangke | myang lêlanang Si Layur | sêlup cili Sindrajaladri | lan Si Margapawana | pulasên dèn arju | sakabèh dipun pulasa | dhayungipun miwah sarta lan kêmudhi | pacuwan tan têlasa ||
12. myang jêmpana paèsana aglis | ulêsana sarywaning diwăngga | lawan gajah ingsun karo | Si Sodama puniku | miwah maning Si Rarakawi | padha sêsrêbêngana | pêlana dèn arju | ing besuk esuk dadia | ingkang apus anjênêngakên pribadi | gajah Ki Puspadênta ||
13. sêratine pun Darsanaasti | konên nganggo kulambine bapang | lawan ta rênggos kopyahe | sakèh nayaka besuk | para eyang pra paman benjing | myang punggawa kanoman | lan samantrinipun | angampingana jêmpana | kasêpuhan samya minggah ing bênawi | miyosa ing
--- [f. 34v] ---
muara ||
14. Kyai Tumênggung Wirautami | sampun tămpa sagung pangandika | ulat kalayan lungguhe | lir angadhêp ing ratu | sauripun sok inggih-inggih | wus rampung pangandika | Ni Sumarma wau | nulya andhepok ing lêmah | ya ta kesah gupuh malêbèng jro puri | Wirautama nêbda ||
15. matur dhatêng Parèn[27] Pêpati |[28] inggih benjing andika pangeran | myang para sêntana kabèh | para eyang puniku | para paman ing benjing enjing | sami ngamping jêmpana | sakèh punggawa gung | myang punggawa ing kaneman | lawan mantri lêlurah bêbêkêl sami | ngapita ing jêmpana ||
16. saur paksi punggawa myang mantri | inggih-inggih nulya samya bubar | saking panangkilan kabèh | kawarnaa sang prabu | maksih lênggah kang munggèng ngapti | anênggih Nyi Sumarma | mêndhêk awotsantun | sampun dhawuh kang timbalan | gusti dhatêng Tumênggung Wirautami [Wira...]
--- [f. 35r] ---
[...utami] | aturipun sandika ||
17. sawancining tiyang marak nênggih | sampun sontên mèh tunggang ancala | samya bubar nêmbah kabèh | ya ta warnanên dalu | datan ana walang asisik | mapan sirêp kewala | mangsaning aturu | karana ing wêngi ika | pan minăngka parerenan ing wong mukti | nanging wong nityasa |[29]|
18. sanityasa umarêk ing gusti | ing raina wêngi nambut karywa | datan akèh ing turune | tansah nênggulang atur | aturira amêlasasih | asih lawan sinihan | tan pêgat pulang yun | nanging kita tan mêngkana | drêmi pajar bokmênawi kang anulis | katungkul salewengan ||
19. tan adarbe lampah ingkang yogi | kadya sona ingkang umah ika | akandêl pangan turune | lwir mina ing jro sumur | kadya pêksi kang saba rawi | anginte pakung liwat | mundêlik ing ranu | upama
--- [f. 35v] ---
sang gêgarangan | ing raina wêngi dipun ati-ati | malar olèha durma ||
11. Durma
1. byar raina Tumênggung Wirautama | myang punggawa lan mantri | sami asiaga | aglar ing darparagya | tan kaliru prênahnèki | saos baita | mugèng[30] muka jêladri ||
2. dyan warnanên korab pun Jayasampurna | pambêlahnya kawilis | sawidak kathahnya | samya rasukan bapang | cêlana sangkêlat abrit | anganggo kopyah | samya sangkêlat abrit ||
3. juru mudhi sêkawan rasuk bapang |[31] ya ikêt cindhe wilis | kêkace cindhe bang | rambute sêsobrahan | juru batu kang winarni | sêkawan uga | busananira sami ||
4. songsong mêrak tunggulira sutra pêthak | bêdhil rangkang kêkalih | kalăntaka nêratag |[32] mungguh ing pawidhean | têtabuhan rarasati | pinulas abang | dhayung layan kêmudhi ||
5. pawidhean [pa...]
--- [f. 36r] ---
[...widhean] pinonthang pêrada papan | tiyang bung ampèl rukmi | wêwayang ukiran | pinulas pinarêmas | pinanjêr daludag abrit | têmbirang anyar | bêbuluh warna kuning ||
6. buluh mêrak winor lan pêrada papan | akajang laka abrit | myang sangkêlat abang | atarib êncit surat | galar konus rêta nênggih | myang wastra laca | winingkis praptèng puri ||
7. kawarnaa ingkang badhe mangku surat | mapan sampun alinggih | amangku pênampan | Ki Fakih kang kinèna | pêpajangan kêmbar kuning | ingkang angêpang | punggawa myang pra mantri ||
8. samya ngadhêp nênggih Kyai Kêndhuruan | Ngabèi Saragati | Tumgung Ănggabaya | lawan Ki Narawita | lan Ki Dêmang Sêcapati | Ki Sarapatya | Ki Titahjiwa malih ||
9. Raksagati Dêmang Sastragati rannya | Kyai Răngga tan kokih | layan malihira | Ngabèi Martayuda |
--- [f. 36v] ---
layan Mantakarsa nênggih | Ki Pranayuda | layan Ki Saragati ||
10. Kyai Wiramênggala măncanêgara | Ardaraja ku malih | Kyai Windusara | lawan Ki Căndranala | Pandêlêgan Waduaji | Sêtyadiraja | Ki Răngga Mêgatsari ||
11. Panjangjiwa Jagaraga Lurah Nyantrang | lawan Ki Sarakarti | lawan Kartisara | malih Răngga Lilitan | Kyai Rangga paman malih | Ki Nămpabaya | Tumgung Mindasupati ||
12. Kyai Narawăngsa lan Ki Naranata | punggawa agêng inggil | kêkalih punika | pêngangge kinakêmbar | dadwa lêlanang ing ngriki | lamun lumampah | lwir bapang munggèng kêlir ||
13. lembehane anênggih malang-sumirang | sêsêk ngêbêki margi | kampuhipun jingga | pinarêmas bra mubyar | pradada tan dèn ancuri | yèn kamarutan | lwir warsa kancana di ||
14. sabuk cindhe bêbadhong kêncana mubyar | têtunggul intên adi | cingcing Lumajangan [Lu...]
--- [f. 37r] ---
[...majangan] | pupu mungal katingal | tinrapan porong rinukmi | ulatnya galak | mulat kanan lan kèri ||
15. gunging mantri samya minggah ing baita | sowang-sowang amongi | baita lêlanang | talamba lêladingan | Carangyuda Carangsari | baita tênggang | rame samya umilir ||
16. têtabuhan arame nunggal pêcalang | miwah kang wong pasisir | aramya kang swara | atap adhêdhayungan | sarta pantês enggoknèki | juru batunya | alok kanan lan kèri ||
17. sampun miyos ing laut ambabar layar | tiningalan lir paksi | krêndha lagya nglayang | layar anyar sêdaya | awêwala cêmêng putih | tunggul daludag | tinon yangywang tinulis ||
18. kawarnaa ingkang acawis jêmpana | ngantosi pinggir kali | ingkang para eyang | Pangeran Sunyararas | tanapi punika nênggih | Kangjêng Pangeran [Pange...]
--- [f. 37v] ---
[...ran] | Suraksaka puniki ||
19. lan Pangeran Tumênggung Parung punika | kang para paman malih | Pangeran Pêpatya | lan Pangeran Mandura | Pangeran Măndhalikèki | layan Pangeran | Tumênggung Parung nganti ||
20. sarêngipun Ratu Bagus Pulangjiwa | myang sagung para mantri | kaneman sêdaya | sami ngapit jêmpana | Kyai Wăngsadipa nênggih | Lurah Trusila | Răngga Sutikna kang sih ||
21. layan malih Kyai Răngga Wirapatra | Ki Wăngsayuda kang sih | lan Astrawijaya | Bèi Wirapratignya | Bèi Krêtiwignya malih | lawan kang nama | Tanujiwa Ngêbèi ||
22. Ki Ngabèi Pariminta jajarira | Wira Tohjiwa malih | layan Martayuda | jajar Tăndhanêgara | Labdakarywa Sangupati | Ki Prayăntaka | Krêtinata alinggih ||
23. lawan malih Ngabèi Wira Tohjiwa | Ki Narayama linggih | Ki Ănggaprêdana | jajar Gunadikara | lan [la...]
--- [f. 38r] ---
[...n] Ngabèi Wiramantri | mapan punika | punggawa munggèng kèri ||
24. munggèng kanan Kyai Êmas Dipaningrat | Radèn Astrajayèki | lan malih punika | Ngabèi Jayăntaka | Nayăntaka jajar linggih | Ki Narapêksa | lawan Ki Jayèngpati ||
25. wontên malih Tumênggung Adiwiraksa | lawan Rêksanêgari | lan Ki Narăntaka | Narakrêti sisihnya | kalawan Ki Raksagati | Ki Martahita | Sarayuda nisihi ||
26. Sastrayuda kêlawan Ki Nalapraya | Ngabèi Purwagati | myang Răngga Cindhaga | jajar dènira lênggah | Ngabèi Wira Tohragi | Ki Tanujiwa | lawan Kyai Janggati ||
27. Wirăncana kang tinanggênah ing baya | kasusra lamun wani | punika samakta | ing sapêpangkonira | punggawa sawiji-wiji | saha tabuhan | kêbêk ing darparagi ||
28. lèring baris kêbêk dening wong nêningal | jalu kêlawan èstri | rame
--- [f. 38v] ---
bocah-bocah | agêng alit kumêrab | pasawahan myang wang[33] wukir | dhukuh kumêrab | basane nêningali ||
29. kawarnaa wau kanjêng sri narendra | pinarak srimênganti | kalayan kang putra | ingayap ing punggawa | parêkan lan para nyai | èstri punggawa | ngangge kêndhaga lampit ||
30. jêjuluke Nyai Ngabèi ing Pura | Nyi Êmban Rangkung nênggih | lawan malihira | Nyi Cilidhuhung ika | kalamun iku anangkil | angangge katga | pêndhok tinatah rukmi ||
31. gunging mantri kang sami saos sêdaya | yèn miyos sri bupati | pan linggih ajajar | anèng ing candhiraras | ngapit pintu kanan kèri | sakancanira | wus wêruh ing piranti ||
32. akêkasih Sarawisa Sarabraja | Sarawisnu wus linggih | jajar sakancanya | Sarawindu ingaran | miwah Sarapraya malih | pun Sarawăngsa | jajar lan Sarawati ||
--- [f. 39r] ---
33. Sarahita Saraguna jajarira | Pranasara ing wingking | Ki Wira Nirbaya | jajar Ki Nayayuda | Ki Gunungarum nèng wuri | Ki Brajaswara | Ngabèi Naragati ||
34. Tundhasara Sumayuda Pringgalaya | Ki Cilidhuhung ngapti | lawan Brajantaka | jajar Ki Sarahita | narapati jajarnèki | nênggih punika | mantri lêlinggih lumping ||
35. para putra samya atap nèng ngajêngan | kabèh sakèh paminggir | nênggih Jêng Pangeran | Sutamênggala mangkya | Pangeran Mandura nênggih | Kangjêng Pangeran | Ranamênggala malih ||
36. lan Pangeran Sêminingrat lênggah jajar | ana jajarnya malih | Jêng Pangeran Suba- | mênggala mangke ika | Wiratmaja jajarnèki | layan Pangeran | Danuwăngsa rêspati ||
37. Jêng Pangeran Prabăngsa layan Pangeran | Wirasuta anênggih | sajajare samya | Pangeran Wirasmara | Pangeran Jayaningrati | Pangeran [Pange...]
--- [f. 39v] ---
[...ran] Suta | jajar kang raka linggih ||
38. Jêng Pangeran Adiwăngsa ingkang nama | ajajar dènnya linggih | atap ing ngajêngan | malih Jayasantika | kawarnaa putra èstri | samya nêningal | ngungak sing candhirêsmi ||
39. Ratu Bangsal Ratu Gêdhong sarêngira | Ratu Dalêm tan kari | lan Ratu Lor ika | Ratu Kidul ajajar | Ratu Pandhan Ratu Sêndhi | lan Ratu Citra | Ratu Pêsah ing wuri ||
40. kang jêjuluk Ratu Kulampok punika | lan Ratu Jumput malih | sêdaya punika | kang alit ingêmbanan | ajêjuluk Ratu Ragil | mapan sêdaya | ngungak sing candhirêsmi ||
41. kawarnaa kang para mantu sêdaya | samya lênggah ing wuri | jêjuluke samya | Tubagus Wiratmaja | lawan Singandaru malih | lawan Tubagus Singa- |[34] raja puniku nênggih ||
42. Ratu Bagus Arywa jajare punika | Singawaningyun malih | jajarira lênggah [lêng...]
--- [f. 40r] ---
[...gah] | Tubagus Wirapraba | jajare Tubagus malih | Wirataruna | bagus-bagus rêspati ||
43. Ratu Bagus Arywa Suta jajarira | Tubagus Wăngsapati | kalayan punggawa | Ki Arywa Wăngsanata | gunging mantu lênggah sami | naya kalihan | punika kathah malih ||
44. langkung kathah yèn winarna pra nayaka | agêng tanapi alit | sewaka sêdaya | kêbêk munggèng paglaran | langkung suka sri bupati | aglar ing kesma | wulucumbu nèng ngapti ||
45. pun Panadin layan pun Jamadil jajar | lawan pun Cana nênggih | pun Jamadil ika | wungkukira kalintang | pun Panadin lintang alit | nênggih sirahnya | Canapali kang iki ||
46. cikrê asta suku ran Wirapracăndha | panglaku wong Ngabêsi | Gulangêmu rannya | Gulagêsêng sisihnya | pun Êjam nora burintik | panglampah arga | wasta pun Amar
--- [f. 40v] ---
sigit ||
47. kang turăngga sampun binusanan abra | Ki Sêkardiyu tèji | gêng luhur sambada | ulêse mangsi toya | Kalisahak ulêsnèki | drêragêm pelag | Ki Sumayuda kêsit ||
48. ulês dragêm liman awasta Sodama | layan pun Rarakawi | nênggih saratinya | wasta pun Êsok ika | angapus kardi pribadi | wastaning liman | Ki Puspadênta nênggih ||
49. saratine pun Darsanaasti rannya | wus binusanan sami | hnêngêna sêkala | ya ta kang kawarnaa | kang mapag surat wus prapti | minggah ing kapal | wus katampan kang tulis ||
50. ya ta nulya têngara bêdhil sawêlas | nulya ing baluwarti | manambungi masang | ping sawêlas jêgurnya | mapan samya sinung mimis | kalintang suka | kang dadya ganar sami ||
51. wus tinampan samya babar layar rampag | pêcalang samya
--- [f. 41r] ---
minggir | rame têtabuhan | êgong maguru găngsa | pinirsa tuhu mêlingi | praptèng muara | enggar sanjata muni ||
52. rame pating jalêgur swaraning tinggar | sakèh wong nêningali | ana mêpêt karna | sadawaning dêdalan | wong dhukuh miwah wong sabin | tan kêna mulat | wong jro kitha puniki ||
53. iku maning pan ora arêp karia | anake kang bêbayi | samya dipun êmban | anake sêsapihan | dèn cangking lan tangan kèri | kang wêwêtêngan | dèn bandhut lan jêjarit ||
54. parandene garonjalan arsa mêdal | dèn pêtêk wêtêngnèki | lakine punika | ngajak payo muliha | rabine dèn arih-arih | prandene uga | mêksa tan gêlêm mulih ||
55. yèn cinăndra malah kirang mangsi kartas | polah wong siji-siji | ya ta sampun prapta | angrampid ing pangkalan | dyan pinandhi [pina...]
--- [f. 41v] ---
[...ndhi] punang tulis | munggèng jêmpana | kêmbar apayung kuning ||
56. tunggulira tinămpa lês lungsir jênar | punggawa ingkang mandhi | sarta dèn rêrămpa | nulya Ki Fakih minggah | tumêdhak saking bênawi | sampun pinapag | layan jêmpana rukmi ||
57. nulya minggah Ki Fakih dhatêng jêmpana | pinangku punang tulis | Kyai Răngga paman | mangku tunggul punika | Tumênggung Mindasupati | mangku ulêsnya | Kakbah lan tapak nabi ||
58. dyan pinikul jêmpana nulya lumampah | midrê ing darparagi | ya ta Sri Naranata |[35] parêng layan kang putra | lumampah mêthuk pribadi | para punggawa | anggrêbêg ing nrêpati ||
59. mantri anom ingkang bêkta upacara | Ki Wirapraya lampit | Ki Nayakusuma | ingkang bêkta caratan | Brajăntaka sikêpnèki | ngampil pawohan | paidon Wiragati [Wira...]
--- [f. 42r] ---
[...gati] ||
60. kang panganjur Sabukjanur Wiramarta | kalayan Sarawarti | parêng Astraraga | layan Ki Adaragja | kalayan Ki Sarawati | lan Thol Witana | parêng pun Aguswijil ||
61. Agus putu Thol Palih Thol Dalêm ika | lawan Ki Sangupati | pun Kusumayuda | lawan pun Dutaprana | Thol Sutapraya ing wuri | Ki Jayaprana | lawan Ki Sarapati ||
62. ya ta sampun waspada mandhêg ing têngah | madyaning darparagi | ya ta sri narendra | parêng layan kang putra | minggah ing jêmpana aglis | sampun pinarak | angajêngakên tulis ||
63. ya ta sagung nayaka lawan punggawa | lurah bêbêkêl mantri | ingkang sikêp tumbak | bêdhil kalayan pêdhang | tamèng towok jajarnèki | wong angrêjasa | akèh kang wong ningali ||
64. samya kinèn mêndhêk punang wong sêdaya | ya ta prêsamya linggih | tan ana kang mona | myarsakkên [myarsakkê...]
--- [f. 42v] ---
[...n] pangandika | sakèhe kang anèng tulis | Ki Fakih nulya | gumawang maca tulis ||
65. kadya maca laguning khutbah Jumungah | sangêt swaranirèki | arum muluh rêmak | kapyarsa saking sabrang | mangilèn dhumatêng masjid | ingkang mangetan | praptèng Maesalangit ||
12. Kinanthi
1. nawala patra winuwus | puji dhatêng ing Ywang Widi | amuji piyambakira | pujining nabi sinêlir | amuji ing Ywang Wisesa | Kang Agung Kang Maha Suci ||
2. pujining kawula iku | amuji ing nabinèki | sampuning muji ing sukma | nulya salam donga mami | Sultan Sarif Zaèd Mêkah | madyaning Arab sun iki ||
3. tumêka ing sanak ingsun | Ratu ing Pugas nêgari | miwah ing kulawarganya | saluhur sapingsornèki | muga antuka nugraha | pinanjangna yuswanèki ||
4. angalap kita puniku | kabèh ing pawèwèhnèki [pawèwèh...]
--- [f. 43r] ---
[...nèki] | kalayan amêrangana | napsune ingkang tan yukti | kêlawan anglampahêna | ing panggaotane iki ||
5. lan saduwene wong iku | angambil nikmating widi | nugraha saking Ywang Sukma | malih pangandikanèki | kang agung kang awisesa | ing Nabi Suleman iki ||
6. ingkang luhur Ngarabipun | pangandikaning Ywang Widi | iki lah kêkirim ingwang | sira awèwèha maning | lawan amêgênga sira | nora wêwilangan maning ||
7. utawi sakèhe iku | dêdalaning Ywang Sukma di | kang bêning Arabe ika | kanikmataning Ywang Widi | ingkang awèha nugraha | tan ana liyaning Widi ||
8. ingkang mangke tămpa iku | rizêki rasa khak iki | saking nikmatullah uga | kang srah ing tyasirèki |[36] lan ora kandhêg wong ika | ing pawèwèh akèh iki ||
9. arêp angliwati iku | sakèh [sa...]
--- [f. 43v] ---
[...kèh] pawèwèhe iki | mêngkana laku kang nyata | lan ora rêna wong iki | nanging kang wanehan uga | nyatane asih ing gusti ||
10. angandika nabi rasul | dhatêng Abubakar Sidik | nêngging kang kinawikanan | mugi wêwah rahmating sih | ingatase nabi kita | salaming Ywang Maha Tinggi ||
11. măngka pangandika Rasul | dhatêng Abubakar malih | apa têtinggal Bubakar | marang anak putunèki | ya ta matur Abu Bakar | têtinggal Allah lan nabi ||
12. măngka lèbèr lah puniku | ing anak putu puniki | lèbèr saking Rasulullah | kang sanityasa ing nguni | apitutur kalakuan | ing pangayunaning Widi ||
13. ing prênah kang luhur-luhur | utawi nugrahanèki | sakèh kula warganira | marang Abu Bakar Sidik | iku sabênêr-bênêrnya | saking Allah Maha Suci [Su...]
--- [f. 44r] ---
[...ci] ||
14. pangandika Nabi Rasul | satuhune uwus dadi | dinadèkkên kabèh ika | zamaningsun mêngko iki | dinadèkkên iku iya | sakèhe wong khaji-khaji ||
15. lan ambabar malih ingsun | saparo rêrasan iki | lan wus rupêk mangsanira | dèn akèh cêgah tan yukti | karêpe ingkang raharja | mufakat rahina wêngi ||
16. lan têka iya wong iku | mulya kagungane iki | lan maning ingsun punika | ing dalêm banjar puniki | kang agung măngka punika | ingsun arêp-arêp iki ||
17. karana masuk puniku | bênêre pituduh mami | ing sakèh wong iku iya | bênêre ihlasing ati | saking sakèhing kang warna | lan mugi-mugi wong iki ||
18. dèn têmokêna puniku | sakèh rahmate wong iki | kêlawan kang kabêcikan | ing dunya kherat puniki | kang nityasa [ni...]
--- [f. 44v] ---
[...tyasa] asêntosa | sabar lan dêrananèki ||
19. mugi datan ana kukuh | ing dalêm lafal puniki | lan bêbarisane pisan | sajênênge sanak mami | tatkala ika ing kita | kongkonane kang sayêkti ||
20. sakèh Jawa kang raharju | kang Jawa bangsane iki | lan salèh karêpe ika | sarta mangke dadi khaji | layan kinongkon wong ika | saking pugas desa iki ||
21. kêrana lumampah iku | lêleberane kang bêcik | lan sakèhing babrêkatan | saking nagri Arab iki | măngka sampun sinêmbadan | ingkang tunggul Nabi Brahim ||
22. lawan tapak nabi rasul | lan gubah astana nabi | kalawan kang ulês Kakbah | lan ingsun têkakkên iki | namane sanak manira | gih Sultan Abulmafakhir ||
23. agantia nama iku | têguh Sultan Bul Mafakhir | Mahdum Ngabdul Kadir [Ka...]
--- [f. 45r] ---
[...dir] ika | kang anèm aganti malih | Sultan Abu Makli ika | têguh gantine ing mangkin ||
24. mugi padhangêna iku | manahe dera Ywang Widi | karone angsala rahmat | wuwuha ngibadahnèki | sarta tangate punika | nityasa angadêg wêngi ||
25. antuka safangat rasul | măngka dipun wêdal malih | ing sakèh rayate ika | lumrahing kang agêng alit | nityasa angajak arja | anyêgah ingkang tan yukti ||
26. anuwukana ing kayun | ing sakèhing kang wong fakir | lan karsane ing jro kitab | sakabèh sampun katulis | murading Markum punika | Wujudiyah lan Muntahi ||
27. nanging sawiji puniku | karsane kang nora olih | wong alim-alim punika | ingsun ora nêmbadani | pan ingsun tari sêdaya | wong alim tan ana apti ||
28. datan ana ingkang purun |
--- [f. 45v] ---
sun tari lunga ngêjawi | ingsun ora kêna mêksa | pan dudu wisesa mami | sêrat winaos wus tamat | aganti sri natèng ngwuri ||
13. Sinom
1. ri sampun maos kang srêrat | sakèh pangandika Sarif | ya ta wus kèndêl sêdaya | Ki Fakih pan sampun amit | sigra têdhak sang aji | akalihan rajasunu | sêdaya wus tumêdhak | nulya lênggah sri bupati | magêlaran munggèng sandhaping mandira ||
2. nulya mijil pêpundhutan | sakalir sampun sumaji | apanjang lamun winarna | sêdaya pan samya bukti | myang wong ingkang abaris | samya kawêratan sampun | ri sampunnya adhahar | Kangjêng Pangeran Pêpati | angandika angundhangakên punika ||
3. hèh sakèh para punggawa | padha ngèstokêna iki | ing namane Kyai Dêmang | Tisnajaya mêngko salin | jinênêngakên mangkin | Khaji
--- [f. 46r] ---
Jayasantikèku | lawan malih punika | Ki Wăngsaraja wus salin | jumênênga Ki Mas Khaji Wăngsaraja ||
4. sinung kêncana lan reyal | kampuh lan desa satunggil | pagunungan luwih papan | kasrah sabêbêkêlnèki | ya ta jêngkar sang aji | lumêbèng jroning kêdhatun | rame punang gamêlan | sêkati kêndhang gong bèri | dyan sinulêd bêdhil kalăntaka tinggar ||
5. busêkan kang wadya bubar | angracut tumbak lan bêdhil | wanèh anggawa jêmpana | wong angunggahakên malih | abah-abah bênawi | wus kasrah sêdayanipun | mring Ki Martadiraksa | sêdhahan pangangge baris | dyan sinigêg wus sirêp kang samya bubar ||
6. kawarnaa kangjêng sultan | pinarak ing dalêm puri | sakathahe kang bêbêktan | kang saking Mêkah winarni | binuka sêdayèki | sigra binabar kang tunggul | warnanira ajênar | aciri Dulfakar [Dulfa...]
--- [f. 46v] ---
[...kar] adi | lawan tulis ihtatamiku[37] sêdaya ||
7. tanapi ulêsing Kakbah | gubah samya dèn tingali | dinum dhatêng para warga | miwah dhatêng para siwi | sêdaya wus waradin | sawiji tan ana kantun | malah dhatêng punggawa | myang tapak andika nabi | ya ta sami tinimbal-timbal ingaras ||
8. ingaras rum-ruming tapak | prêsasat kang andarbèni | kang katingal jroning cipta | rumêsêp sajroning ati | mugi antuka mami | safangat ingkang wus ngambung | nênggih dunya ngakherat | antuka kang barkah nabi | dyan sinigêg sadhapur kang cinarita ||
9. măngka sami ingularan | punapa malih winarni | Ki Sandisastra angucap | Sandimaya dèn ririhi | dawêg ta kakang malih | wuwuhana karywa têmbung | sampun dangu kèndêlnya | Sandimaya mojar aris | gêdhe têmên karsane arsa uninga ||
10. ing têmbung têmbing lan têmbang | ing basa sinaru [sina...]
--- [f. 47r] ---
[...ru] ing ling | lan saur kinamăndaka | lan pasa waspa angrawit | basa tan wruh ing liring | silaning wênara tuhu | polah pêksa gung ika | lan pêksa wignya lêmuwih | pênêdipun carita mawi sêngkala ||
11. rasa gati tataning rat |[38] cinampur kêlawan gêndhing | maksih amrih Sandisastra | pintên warnane winilis | Sandimaya nauri | pun kakang tan bisa ngitung | pae ta juru sastra | sampun wagêd ing sêsilir | kang wus limpad dudukwuluh yèn angetang ||
1 | Naskah ini tidak ada judul, tetapi dalam catatan di bagian depan (f.2r) judul Sêrat Bantên ditemukan. (kembali) |
2 | Tanggal: Anggara (Slasa) Pon nêm (6) Rajab (Rêjêb) Wawu: tri săngka winuruk dèn nrêpati (AJ 1713). Tanggal Masehi: Selasa 24 April 1787. Tanggal dan sangkala ini merujuk pada waktu penulisan/salinan edisi Sêrat Bantên (Add MS 12304) ini yang menurut catatan yang tertera di halaman depan, ditulis (nêrat) oleh Radèn Wirakusuma dari Danurêjan, Yogyakarta. (kembali) |
3 | Bait ini tidak ada di Sajarah Banten LOr 7389. Lihat: Pudjiastuti 2015, hlm. 317. Dalam transkripsi Sêrat Bantên (Add MS 12304) ini terkadang disajikan perbandingan antara edisi ini dengan edisi Sajarah Banten (LOr 7389) yang telah dibahas dalam karya Djajadiningrat (1983) dan ditranskripsikan dan diterjemahkan oleh Pudjiastuti (2015). Lihat juga: Pigeaud 1968, Vol. 2, hlm. 426. (kembali) |
4 | awotsêkar. Ditulis wa diikuti tarung, tapi tidak ada taling: |
5 | Pailir: peristiwa perang saudara yang berlangsung di Banten pada tahun S 1530 (1608–9). Lihat: tanpa guna ta ning [tataning] perang (S 1530) (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 28.34.1/Pudjiastuti 2015, hlm. 312); tanpa guna tataning prang (S 1530) (Djajadiningrat 1983, hlm. 46, 174, 179). (kembali) |
6 | minggah. Bandingkan: munggah (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 31.36.4/Pudjiastuti 2015, hlm. 322). (kembali) |
7 | Wargayuda (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 31.44.2/Pudjiastuti 2015, hlm. 323). (kembali) |
8 | Tanggal: tanpa warna tatanipun ing jalma (S 1540). Tahun Masehi: 1618–9. Sangkala ini mengacu pada VOC (Kumpeni) direbutnya pelabuhan Jakarta — dalem Sajarah Banten LOr 7389 bernama Jakětra — yang kemudian dinamakan Batavia, serta pendirian pusat pemerintahan dan administrasi VOC di Batavia pada 30 Mei 1619. Bandingkan: tanpa warna tatanipun (S [1]540) (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 31.49.3/Pudjiastuti 2015, hlm. 324); tanpa warna tatan iku (S 1540) (Djajadiningrat 1983, hlm. 49, 186). (kembali) |
9 | Bandingkan: wolung puluh lilima | laminipun antarane duk winangun ... (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 31.49.4–5/Pudjiastuti 2015, hlm. 324). Berbeda dengan Sêrat Banten Add MS 12304, di Sajarah Banten LOr 7389 diterangkan bahwa kronik ini ditulis 85 tahun setelah pemerintahan VOC (Kumpeni) didirikan di Batavia pada tahun 1619. Lihat lebih lanjut di: Djajadiningrat (1983), hlm. 7, 49. (kembali) |
10 | ampeyan. Bandingkan: nampiyan (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 31.50.6/Pudjiastuti 2015, hlm. 324). (kembali) |
11 | Tanggal: lir buta tatanèki (AJ 1550). Tahun AJ 1550 jatuh antara tanggal Masehi: 31 Agustus 1628 sampai dengan 19 Agustus 1629. Biasanya kata "lir" dan sinonimnya "kadi" berwatak bilangan tiga (3). Namun, seturut penjelasan Djajadiningrat (1983), kata-kata tersebut berwatak bilangan nol (0) dalam Sajarah Banten (Djajadiningrat 1983, hlm. 124, 188, 212). Sangkala ini mengacu pada kedatangan pertama utusan Sultan Agung Mataram (bertakhta 1613–46), yang dipimpin oleh Ki Baurêksa, di Batavia. Tarikh Ricklefs (1981) untuk kedatangan pertama pasukan Sultan Agung di Batavia adalah Agustus 1628. Bandingkan: lir buta tanda wani (AJ 1550) (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 33.4.2/Pudjiastuti 2015, hlm. 326; Djajadiningrat 1983, hlm. 50n, dengan catatan "tanda" atau "tata"); lir buta tandang wani (Djajadiningrat 1983, hlm. 50n); lir buta tata jurit (Djajadiningrat 1983, hlm. 50, 188). (kembali) |
12 | Tumênggung (dan di tempat lain). Bandingkan: Tumenggung (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 33.6.7/Pudjiastuti 2015, hlm. 327). (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: ya ta rame kang aprang sadina-dina. Bandingkan: yatah rame wong perang sadina-dina (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 33.8.1/Pudjiastuti 2015, hlm. 327). (kembali) |
14 | mimis (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 33.21.7/Pudjiastuti 2015, hlm. 328). (kembali) |
15 | Tanggal: tata indri tata rajèng (AJ 1555). Tahun AJ 1555 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juli 1633 sampai dengan 26 Juni 1634. Sangkala ini mengacu pada kembalinya Singaranu ke Mataram setelah pengepungan kedua Sultan Agung yang gagal untuk merebut benteng Kumpeni di Batavia. Bandingkan: tata indra tata jirhe (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 34.13.3/Pudjiastuti 2015, hlm. 331; Djajadiningrat 1983, hlm. 51, 188–9). Menurut Djajadiningrat (1983), sangkala ini keliru. Agaknya, itu kesalahan dari pihak para penyalin tulisan. Kata permulaan seharusnya dibaca "nata" dan bukan "tata", sehingga sangkala tersebut menjadi: nata indri tata rajèng (AJ 1551) (Djajadiningrat 1983, hlm. 188–9). Tahun AJ 1551 jatuh antara tanggal Masehi: 20 Agustus 1629 sampai dengan 9 Agustus 1630. (kembali) |
16 | Kapitan Êmur atau ditulis Mur dalam naskah ini adalah nama lama untuk Gubernur Jenderal Hindia Belanda; berasal dari bahasa Portugis capitao mor (Gericke en Roorda 1901; Djajadiningrat 1983, hlm. 51; Suryasuparta 1916; BTJ Balai Pustaka). Dalam konteks ini dan seturut periodenya, Kapitan Êmur yang dimaksud adalah Jan Pietersz Coen (1587–1629) yang menjabat sebagai Gubernur Jenderal VOC (Kumpeni) pada tahun 1619–23 dan 1627–29. Pada tahun 1619 Gubernur Jenderal Jan Pietersz Coen menjadikan Jakarta sebagai tempat berkedudukannya pemerintahan VOC di Asia. Sebelumnya gubernur jenderal biasanya berkedudukan di Banten atau di Ternate (lihat: Pupuh 1.50 di atas). (kembali) |
17 | Wiraraja (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 35.8.9/Pudjiastuti 2015, hlm. 334). (kembali) |
18 | Tanggal: gana tinatèng wisayaning ratu (AJ 1556). Tahun AJ 1556 jatuh antara tanggal Masehi: 27 Juni 1634 sampai dengan 16 Juni 1635. Sangkala ini mengacu pada peristiwa Pabaranang atau Binrêranang, yaitu pembakaran kapal Banten oleh pasukan Banten sendiri sebagai taktik menerobos blokade kapal Belanda. Menurut sumber lain, Pabaranang meletus pada 4–5 dan 10–11 Januari 1634 (Djajadiningrat 1983, hlm. 189). Bandingkan: geni tinata wisaya ing ratu (AJ 1553) (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 35.31.1/Pudjiastuti 2015, hlm. 338; Djajadiningrat 1983, hlm. 52, 189, dengan "agni" dan bukan "geni"). Tahun AJ 1553 jatuh antara tanggal Masehi: 30 Juli 1631 sampai dengan 17 Juli 1632. (kembali) |
19 | Pasingaranu: peristiwa penghancuran Ukur (atau Ngukur) oleh bala-tentara Mataram setelah Dipati Ukur menarik dukungannya dalam upaya Mataram mengepung VOC di Batavia. Lihat lebih lanjut di: catatan-kaki di Bait 10.2 di bawah. (kembali) |
20 | Bait 4 ini sampai dengan bait 6 tidak ada di Sajarah Banten LOr 7389. Lihat: Pudjiastuti 2015, hlm. 338. (kembali) |
21 | Tanggal: rêtu tata buta wani (AJ 1556). Tahun AJ 1556 jatuh antara tanggal Masehi: 27 Juni 1634 sampai dengan 16 Juni 1635. Sangkala ini mengacu pada peristiwa Pasingaranu, yakni penghancuran Ukur (atau Ngukur) oleh bala-tentara Mataram setelah Dipati Ukur menarik dukungannya dalam upaya Mataram mengepung VOC di Batavia. Bandingkan: buta tata gati ajrih (AJ 1555) (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 36.7.2/Pudjiastuti 2015, hlm. 338; Djajadiningrat 1983, hlm. 53, 191). Tahun AJ 1555 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juli 1633 sampai dengan 26 Juni 1634. Menurut sumber lain, Pasingaranu terjadi pada awal 1632 (Djajadiningrat 1983, hlm. 191). Imbuh Djajadiningrat, penyalin keliru menulis "buta" alih-alih "bata" yang berwatak bilangan tiga (3); alhasil sangkalanya menjadi AJ 1553 (Djajadiningrat 1983, hlm. 191). Tahun AJ 1553 jatuh antara tanggal Masehi: 30 Juli 1631 sampai dengan 17 Juli 1632. (kembali) |
22 | panglinggihnèki. Bandingkan: linggih (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 37.1.5/Pudjiastuti 2015, hlm. 339). (kembali) |
23 | Syarif Mekkah, Zayd Ibn Muhsin, yang memerintah antara tahun 1631–66. Teks asli: |
24 | Kurang satu suku kata: tunggul têtilar punika. Bandingkan: tunggul titilar punika (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 39.34.4/Pudjiastuti 2015, hlm. 346). (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: wêruh yèn ana duta. Bandingkan: weruh yen wonten putusan (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 40.8.6/Pudjiastuti 2015, hlm. 348), lebih satu suku kata. (kembali) |
26 | timbalan. (kembali) |
27 | Pangeran (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 40.15.1/Pudjiastuti 2015, hlm. 349). (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: matur dhatêng Pangeran Pêpati. Bandingkan: matur dhateng Pangeran Papati (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 40.15.1/Pudjiastuti 2015, hlm. 349). (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata: nanging wong kang nityasa. Bandingkan: nanging wong kang nityasya (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 40.17.10/Pudjiastuti 2015, hlm. 350). (kembali) |
30 | munggèng. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: juru mudhi sêkawan rasukan bapang. Bandingkan: juru mudi sakawan rasukan bapang (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 41.3.1/Pudjiastuti 2015, hlm. 350). (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata: kalăntaka nratag. Bandingkan: lantaka naratag (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 41.4.3/Pudjiastuti 2015, hlm. 350). (kembali) |
33 | wong (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 41.28.5/Pudjiastuti 2015, hlm. 353). (kembali) |
34 | Lebih dua suku kata: lan Bagus Singa-. Bandingkan: lawan Tubagus (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 41.41.6/Pudjiastuti 2015, hlm. 355). (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata: ya ta naranata. Bandingkan: nunten ing sang nata (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 41.58.3/Pudjiastuti 2015, hlm. 357). (kembali) |
36 | Kurang satu suku kata: kang pasrah ing tyasirèki. Bandingkan: ugah kasraha ing twasireki (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 42.8.4/Pudjiastuti 2015, hlm. 359), lebih dua suku kata. (kembali) |
37 | |
38 | Tanggal: rasa gati tataning rat (AJ 1556). Tahun AJ 1556 jatuh antara tanggal Masehi: 27 Juni 1634 sampai dengan 16 Juni 1635. Sangkala ini mengacu pada upacara kebesaran dan pembacaan surat dari Sultan Zaèd di Mekah yang dilakukan setibanya delegasi Banten dari Mekah. Bandingkan: tata gati ing warsa arja (AJ 1555) (Sajarah Banten LOr 7389, Pupuh 63.11.1/Pudjiastuti 2015, hlm. 362); tata gati wisaya arja (AJ 1555) (Djajadiningrat 1983, hlm. 56, 196). Tahun AJ 1555 jatuh antara tanggal Masehi: 8 Juli 1633 sampai dengan 26 Juni 1634. Imbuh Djajadiningrat (1983), tahun 1633–4 ini dianggap sebagai keberangkatan delegasi Banten ke Mekah, bukan kepulangannya (Djajadiningrat 1983, hlm. 196). Terdapat variasi lainnya dari sangkala ini: tana gati sambaraja; tata gěnti waris arja; tata gati wisa arja (Djajadiningrat 1983, hlm. 56n). (kembali) |