Babad Sultanan, British Library (Add MS 12288), 1809–16, #1017 (Pupuh 001–023)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Babad Sultanan
--- [f. 1r] ---
Babad Sultanan, utawi Mangkunêgaran.
--- [f. 1v] ---
[...]
--- [f. 2r] ---
[...]
--- [f. 2v] ---
Pupuh Dhangdhanggula
1. winurcita[1] nêgari Sêmawis | tuwan gupênur sakite saras | mèh dhidhik têka ngajale | yèn ta aja gal mantuk | kaya lamun nêmahi lalis [lali...]
--- [f. 3r] ---
[...s] | saking sangêting lara | dèrèng dhatêng untung | sadhatênge wong Madura | sampun mirsa tingkah polahing ajurit | duk anèng pambarisan ||
--- [f. 3v] ---
[...]
--- [f. 4r] ---
[...]
--- [f. 4v] ---
1. Pupuh Dhadhanggula[2]
1. winurcita nêgari Sêmawis | tuwan gupênur sakite saras | mèh dhidhik têka ngajale | yèn ta aja gal mantuk | kaya lamun nêmahi lalis | saking sangêting lara | dèrèng dhatêng untung | sadhatênge wong Madura | wus amirsa tingkah polahing ajurit | duk anèng pabarisan ||
2. langkung susah gupênur jro ngati | măngsa punika atuna kathah | ambandhani sêsanggupe | dora mring bangsanipun | nagri Jawa ngakês[3] wus radin | dening Kumpêni Sêlam | ginajih sadarum | sangking bandhane piyambak | nging Wêlănda ginajih saking Kumpêni | utangipun akathah ||
3. bupati pasisir dèn undangi | sampun pêpak ing loji sadaya | wetan kilèn prapta kabèh | Fèbêrkop praptanipun | wêwah susah nantun upêsir | myang bupati aturnya | sumăngga gupênur | nulya kantun Panêmbahan | Sampang mopo gupênur angucap aris | mila andika kewran ||
4. panêmbahan ngling maksih kadugi | dèn abêna nging măngsa punika | kenginga adandan malèh | de sangêt risakipun | yèn pinêksa kula sanggupi | yèn sampun katurutan | ingkang kula jaluk | nadyan asukua jaja | kula tanggung ngrampungi karya Kumpêni | rêntênge nagri Jawa ||
5. ya ta kewran gupênur ing ati | kang tinêdha pan sampun kaduga | sawetaning Lawu kabèh | mêngalèr sapangidul | pangetane [pange...]
--- [f. 5r] ---
[...tane] wangkid jaladri | dadosa wong Madura | sapakaryanipun | sanggup ngrata tanah Jawa | lan nyirnakên[4] satru jayaning Kumpêni | gupênur tan angucap ||
6. mung Tumênggung Lasêm dèn printahi | lumakua kalawan Ki Wăngga | sarta Kumpêni kang akèh | besuk ing Sala wuwuh | wong Kumpêni lawan wong Jawi | kalih matur sandika | lèngsèr dandan batur | ngucap Panêmbahan Sampang | tuwan wontên ingkang kula têdha malih | prakawis dhimas Răngga ||
7. kula têdha luwaripun saking | pasakitan yèn wontên alanya | kula kang nanggung dosane | bêkti ngaturi sèwu | inggih dika taros pribadi | tinantun batên arsa | sangêt wirangipun | luhung anuli lalisa | tan antara Mas Răngga nulya ngêmasi | samya kagèt kewala ||
8. kang amirsa gagêtun gung alit | jisim kinafan wus kapênêdan | sigêg ingkang winiraos | kang baris Pajang kumpul | rêmbag Pangran Mangkunêgari | anduta tur uninga | mring kangjêng sinuhun | kang pilênggah Kabanaran | sakèh wadya Kêdhu Bagêlèn Mêtawis | pan suyud kumawula ||
9. kang ngabêkti ajrih lulut asih | mring Sang Suryawijaya ngrat Jawa | jăngka kalênggahan kabèh | èmêng nala sang prabu | de mèh dungkap sêmaya têksih | wêwêla lêlampahan | dènira sang prabu | sampun karsaning Ywang Sukma | dèrèng măngsa mêngkana sri narapati | sêdhêng lagya sineba ||
10. dening wadya ingkang ari-ari | agêng alit angayap ing ngarsa | tinutugan kasukane | mrih ecane [eca...]
--- [f. 5v] ---
[...ne] wadya gung | pêpak anèng ngrêsa narpati | sabên ari mêngkana | sami ngabên sawung | kasaru kang duta prapta | sangking Pajang katur ngandikan ngarsa ji | duta matur wotsêkar ||
11. ămba kaduta de putra aji | tur uninga mêngsah dalêm bubar | wus suwung biting Mêlese | sadaya bodhol mantuk | lajêng dhatêng nagri Sêmawis | samangke wadya Pajang | sadaya pan suyud | sumăngga karsa nalendra | putra nata anuwun pangandika ji | sang nata angandika ||
12. ya warahên duta putra mami | awèh wêruh sun bangêt tarima | ana dening sakèh-kèhe | ing mêngko putranisun[5] | sakancane ingsun timbali | lèngsèr duta wotsêkar | sabature laju | dhatêng ngarsaning pangeran | sampun katur salampahira tinuding | mangke gusti ngandikan ||
13. lan sakathah di dalêm bupati | ya ta Pangeran Mangkunêgara | undhang sawadyabalane | miwah para tumênggung | pan gumuruh syaraning jalmi | sadalu pradangdanan | enjinge pan umung | têngara tambur barungan | bêndhe bèri acampuh lan turăngga jrit | pangran budhal sawadya ||
14. tan kawarna ing marga glis prapti | kadhaton dalêm ing Kabanaran | pangran dangdan pakuwone | salèring alun-alun | sakathahe para bupati | makuwon sowang-sowang | ngiwa nêngên sampun | dalu datan winurcita | enjing sami asowan miyos sang aji | pêpak para niyaka ||
15. răngga dêmang arya tăndhamantri | ăndhamai[6] ngabèi lêlurah | Kapilih [Kapi...]
--- [f. 6r] ---
[...lih] miji jajare | nganti wijiling wuwus | angandika sri narapati | sutaningsun matura | polah andon[7] pupuh | kongsi mundur musuhira | putra nêmbah matur sapurwane uni | madya dhatêng wêsana[8] ||
16. têlas ature ngandika aji | ingsun tarima panjujungira[9] | lan kancanira sakèhe | kang putra nêmbah matur | inggih sangking pangwasa aji | miwah kănca sadaya | angandika prabu | yèn sêmbada pamanira | ya Si Răngga sakancane sun kon mulih | sumăngga karsa nata ||
17. dhinawahan mangkat sing ngarsa ji | sri nalindra kondur angadhatyan | kang sewaka bubar kabèh | lami tan ana mungsuh | akasukan ing siyang latri | wadya pêpak sadaya | ingkang dèrèng rawuh | nênggih Pangran Purubaya | taksih wontên ing Bagêlèn sampun lami | Pangran Mangkukusuma ||
18. Pangran Adiwijaya pan têksih | anèng Kêdhu siring kidul ika | wus lami ing antarane | lan Wiradigda iku | ngunjukakên kang pati urip | prakawis Cakradipa | Ngandong wismanipun | awon tulung sikêp kathah | dhatêng Sala mring Kartadipa awêling | ămba suwun ing pêjah ||
19. ki dipati kinèn animbali | lan Măndaraka tan dangu prapta | manjing pura sowan rajèng | ngandika jêng sinuhun | kaya prèhe Besan sun tari | tanapi Măndaraka | ana bocah ingsun | mantri siji iku ala | Si Wiradigda ingkang matur ing kami | ki dipati turira ||
20. lan Măndraka sumăngga karsa ji | lamun yaktos awongn[10] ingkang manah | sang prabu pangandikane | Si Wiradigda
--- [f. 6v] ---
nanggung | nuwun ture bupati kalih | sampun tinundhung mêdal | sarêng dalunipun | ki dipati dhinawuhan | timbalan dalêm Sindusêstra dhawuhi | aturipun sandika ||
21. apuntên dalêm dalu mênawi | dados gitanipun wadya kathah | kalih mênawi lêpate | dika munjuka luwung | benjang injang sandika inggih | inggih măngsa lêpata | Sindusastra mantuk | tan kawarna injangira | dintên Sênèn Ki Cakradipa ing nguni | ingundang kakêpungan ||
22. dhumatêng wau ki adipati | wus lumampah wau Cakradipa | ki dipati pêpênêde | wus winangsit sadarum | Cakradipa sami alinggih | ambêng mêdal tinata | punika pan sampun | wus saur manuk sadaya | sampun-sampun Cakradipa wus dèn byuki | pan lajêng dipun bănda ||
23. wus binănda sinaoskên aglis | salèr wringin kurung wus tinuwak | Cakradipa pêjah mangke | sigêgên kang winuwus | ing Sêmarang ingkang winuni | têkèng sêmaya têrang | Kumpêni wus kumpul | arsa nglurug mring Mataram | Kapitan Dhèkêr lan satus wong Kumpêni | usar satus rewangnya ||
24. dadya kalih atus wong Kumpêni | wadya Jawa ingkang atut wuntat | Lasêm Kêndhal krig gamane | Kumpeni budhal daut | atanapi wong Jawa sami | datan kawarna marga | ing Sala wus rawuh | alami anèng ing Sala | pirêmbagan anêlasakên ing pikir | lawan Kumpêni Sala ||
25. Wiranata wus wêning kang warti | aglis utusan atur uninga [u...]
--- [f. 7r] ---
[...ninga] | mring pangran prapta lampahe | yèn mêngsah arsa nglurug | kirang gangsal dina kang mêsthi | pangran nuntên asowan | matur ing sang prabu | lir ature kang utusan | alah uwis wong anom muliha kaki | esuk sira sebaa ||
2. Sinom
1. mijil sangking dalêm pura | pangran pondhokan wus prapti | enjingipun kawarnaa | susunan pan arsa mijil | siyaga sri bupati | ngagêm kaprabon di luhung | ginarêbêg wanodya | upacara tata ngarsi | sawunggaling kidang mas ardawalika ||
2. tanapi kênya yu endah | caratan paidon asri | sami nandhang samir sutra | dinulu lir ywangywang tulis | sagunging para èstri | prapta wijil wong jro ngayun | andungkap pagêlaran | pêpak kang wadya anangkil | tilar lante pangran kang munggèng ing ngarsa ||
3. tumênggung arya lan dêmang | kandhuruan lan ngabèi | ăndhamoi pandêlêgan | răngga wus anangkil sami | miwah para prajurit | lêlurah pêpak sadarum | andhèr nèng panangkilan | sumaos ing karsa aji | jroning driya angajap-ajap ing karya ||
4. wus lênggah anèng dhêdhampar | konjêm mukanya kang nangkil | kang cinipta nging timbalan | angandika sri bupati | putra ngong ki dipati | miwah kang para tumênggung | parentah sun ing sira | ki putra undhangna sami | sarupane padha sira kon adangdan ||
5. ingsun arsa mêthuk mêngsah | padha dèn prayitnèng wèsthi | amêsthi ing
--- [f. 7v] ---
limang dina | mungsuh sura anêkani | wiku driya sang aji | aluwaran angadhatun | ginarêbêg wanodya | samya bubar kang anangkil | pradangdanan sigêgên ingkang kocapa ||
6. nêgari ing Surakarta | kang rêmbagan pan wus dadi | wadya Kumpêni wus mangkat | uprup Sala kang nindhihi | drêgundêripun lêsting | Kumpêni Sêlam pan agung | kantun kang jaga sunan | ingkang dados senapati | jêng pangeran kang awasta Sêcaningrat ||
7. langkung gêng ingkang gêgaman | arindhik lakuning baris | abdi dalêm Wiranata | wus anduta atur uning | prapta sowan ing gusti | aturing duta wus putus | pangran sowan nalendra | kawula atur upêksi | abdi dalêm tur uninga mêngsah mangkat ||
8. sangking nêgari ing Sala | sakêlangkung gêng kang baris | kang nindhihi ing payudan | Paman Sêcaningrat uni | mangke taksih nèng margi | angandika sang aprabu | yèn mêngkono kang warta | pêpêkên wadya prajurit | mantri-mantri tumênggung para bupatya ||
9. yèn wus kumpul wadyaningwang | nuli mangkata tumuli | padha angantêpa yuda | lan sakèh para bupati | samantrine ja kèri | kabèh gawanên putrèngsun | padha sira adua | sabil kalawan Wêlandi | nuhun nêmbah kang putra tinundhung mêdal ||
10. enjing anêmbang têngara | gumêr tambur lawan bèri | punang gong maguru găngsa | wus kumpul wadya Mêtawis | kêbak ing păncaniti | kinèn midêr ngalun-alun | ningali jêng susunan | munggèng panggung dalêm [dalê...]
--- [f. 8r] ---
[...m] puri | langkung suka nata non untabing wadya ||
11. Pangeran Mangkunêgara | tanapi para bupati | sami ngêndikan sadaya | anulya gênti tur bêkti | sarêng anuhun pamit | angandika sang aprabu | ya dipadha prayitna | padha sun srahkên ing Widi | mugi-mugi olèha pitulung Sukma ||
12. rinêksaa ing Pangeran | mugi lananga ajurit | olèha ingkang sufangat | para nabi para wali | barkat kang dhingin-dhingin | kaungkulana putrèngsun | kang sinare Mêtaram | sadaya tinundhung mijil | awotsêkar adan têngara tinêmbang ||
13. bêndhe tambur bèri gumyar | daut sumahab wadya lit | lir grah panjrit kuda kathah | kadya lir wêrsa kentaki[11] | lir jawah sinêmèni | datan kawarna ing ênu | ing Mantub pasanggrahan | enjing budhal kèndêl sami | ing Pamalon pra bupati rêrêmbugan ||
14. nuli sami amiyarsa | yèn mêngsah sampun lumaris | sangking baris Kadrêsanan | Gondhang arsa dèn pondhoki | dyan samya ngati-ati | wus arêmbag nulya laju | Kumpêni sampun prapta | ing Gondhang atata baris | wus amirsa yèn wadya Mêtaram mangkat ||
15. kocapa wadya Mêtaram | Kumuda dèn pasanggrahi | enjing budhal sampun prapta | Waladana dèn pondhoki | dening kang jaga margi | Wiraguna kanthènipun | lawan Ki Ragayuda | Pangeran Mangkunêgari | wus agawe pacalang Ki Wiranata ||
16. kalawan mantri sadaya | bala Kumpêni winarni | kang anèng Gondhang wus mirsa | sakathah wadya Mêtawis | Waladona dèn goni | agawe pacalang [pa...]
--- [f. 8v] ---
[...calang] gupuh | pangguh padha pacalang | dan acampuh punang jurit | wontên lèring wetan Pêkên Galodhogan ||
17. pacalang Kumpêni kalah | enjing pacalang dèn gêngi | sabên dina sami aprang | nora nana kang gumingsir | Wiraguna winarni | Ragayuda atur wrêruh | dhumatêng ki dipatya | yèn Kumpêni yun lumaris | ki dipati tur wêruh dhatêng pangeran ||
18. dan pangeran undhang-undhang | injing[12] sakèh pra bupati | pêpak anèng Galodhogan | dadi dhadha ki dipati | dharat kang dèn tindhihi | sakathah pêpênêdipun | miwah sêntananira | dhinaratakên prasami | Pangran Mangkunêgara pêngawat kanan ||
19. Pangeran Mangkudiningrat | ingkang amangawat kèri | Tumêng Jayanêgara |[13] Janapura lawan malih | Radyan Suryanêgari | Măndraka Wiradigdèku | samya akêkapalan | pangran mêdal tata baris | mêngsah mêdal tan ana ngucap girisa ||
3. Girisa
1. sampun campuh kang ayuda | anging lêt lèpèn kewala | babêdhilan long-linongan | kang mantri lêbêt palastra | rinêbat nora karêbat | awasta Jayasudira | katigas dhatêng Wêlănda | Wêlandi pêjah satunggal ||
2. umangsah kang dadi dhadha | tulung nyabêt kang pêngawat | arame kang punang yuda | surak gumuruh lir grêrah | bêdhil gumrudug swaranya | anglir ombaking sagara | dènnya prang wontên ing Gondhang | langkung rame dènnya yuda ||
3. wong Mêtaram padha sura | Kumpêni langkung apanggah | prasami sudiranira | wus kalindhih Janapura | kenging mimis jêmpol tangan | wong alit pêjah tan ketang | arame dènira yuda [yu...]
--- [f. 9r] ---
[...da] | sadina surup undurnya ||
4. sarêng byar campuh kang yuda | arame tanna kuciwa | sêlamêt tan ana pêjah | nanging kang kanin akathah | prang sadina rêp sapisah | sami mondhok sowang-sowang | Pangeran Mangkunêgara | masanggrahan ing Ukiran ||
5. pêpak bupatya rêmbagan | pangran aris angandika | lah manira duwe rêmbag | wong ngong pilihi sadaya | aprang dalu ingka[14] sura | ngong rêmbag sami ngamuka | wus rêmbag dyan pinilihan | kang sagah-sagah kewala ||
6. Kapilih kalih kang wasta | Padhangaling lawan Sura- | janaka pangran ngandika | sapa ta ingkang sanggupa | ngamuk dalu marang Gondhang | kantos bodhol kang Wêlănda | kadi Kapilih sanggupnya | ganjaranira sang nata ||
7. bumi satus lan kinarya | mantri wong norana sura | nging wadya Mangkunêgaran | kang sanggup wong kawan dasa | dalu sarêng samya mangkat | sêja angamuk sadaya | anujoni pondhokira | wong Lasêm sami prayitna ||
8. jinaga mawi barduwak | kang arsa ngamuk wus prapta | lagya mungup kapangguhan | wong panggih padha waninya | kaclakuthak mundur kewran | lajêng ngamuk ingkang dhustha | anulya tumbak-tinumbak | wong Lasêm akathah pêjah ||
9. gègèripun apuyêngan | tambuh mungsuh tambuh rowang | arame ulêng-ulêngan | kang ngamuk kathahên lawan | Pangeran Mangkunêgara | lawan tumênggung sadaya | barisan ing ngara-ara | mapan ora kêna obah ||
10. nuntên kondur jêng pangeran | bupati mantuk
--- [f. 9v] ---
pondhokan | kabyatan mundur kang yuda | prapta matur ing pangeran | yèn lampahe kauningan | apilih tatu satunggal | Padhangaling aranira | sainggil kempol tatunya ||
11. kaclakuthak lampahira | maranggo pêjah satunggal | tan alami antaranya | Pangeran Mangkunêgara | kapatêdhan bantu wadya | sing Mêtaram Suranata | para khaji ingkang prapta | tanapi santri sadaya ||
12. kang nindhihi wastanira | Kaji Bocor ingkang sura | lawan abdi dalêm magang | kang nindhihi aranira | pun Tuban lêlurah magang | tan kawarna aturira | wus kinèn mondhok sadaya | wong pabarisan kêsmaran ||
4. Asmaradana
1. antawise tigang latri | Wlandi bodhol saking Kondhang | mring Kamalon daut kabèh | pra bupati sami mêgat | Pangran Mangkudiningrat | tanapi para tumênggung | lan Pangran Mangkunêgara ||
2. abodhol sangking ing wuri | nuntên ki dipati tata | wetan Kumuda prênahe | bandera sampun katingal | wus majêng wong Walănda | samya jêng-ajêngan wau | anging lêt lèpèngn[15] kewala ||
3. nulya campuh kang ajurit | pangeran gitik ing wuntat | arame sadintên prange | saput dalu wong Wêlănda | datan purun majua | agêgêr sarencangipun | amondhok ing ara-ara ||
4. wontên jêblog kadhar sami | wong Kumpêni sabaturnya | pangeran nêba wetane | kidul sakathah bupatya | margi gêng pinêgatan | enjing prang amêksa bacut | Kumpêni ingkang kinêpang ||
5. abêbêdhilan [abêbêdhi...]
--- [f. 10r] ---
[...lan] samargi | Kumpêni Pamalon prapta | wus gawe pondhokan kabèh | Pamalon wus binitingan | Pangran Mangkunêgara | i[16] Candhi pondhokanipun | Ki Janingrat pondhokira ||
6. ing Waringinrubuh iki | sadina-dina apêrang | lir gunung rubuh mriyême | sunapan munya sauran | ganti lir grahing kapat | dènnya prang wong sami purun | kang pêjah nora kaetang ||
7. apanggah maksa ingukih | jawi ing jro kathah pêjah | maksa tan bêdhah bitinge | anulya sapih kang yuda | saput latri dènnya prang | kinêpang dyan injingipun | pamrihe wadya sadaya ||
8. ja bisa mèt pangan iki | andina prang nora pêgat | yèn sayah rèrèn karone | jawi jro samya rêrasan | Jawa samya wong Jawa | Bali kalawan wong Wangsul | Wêlănda sami Wêlănda ||
9. Bugis ngucap sami Bugis | pemut botên piniarsa | Bugis Wêlandi Baline | kang ne[17] jro pemut sadaya | norana piniarsa | anantang samya kèn mêtu | arame tantang-tinantang ||
10. uprup dipun isin-isin | kurda ramya bêbêdhilan | sapèh saput dalu prange | bubar mantuk sowang-sowang | sakyèh wadya Mêtaram | injing prang salatri mundur | sadaya mring pamondhokan ||
5. Durma
1. wus alami kinêpang baris Wêlănda | yèn mungguha wong sakit | kari dhuwur tênggak | obat mimis mèh têlas | amèt pangan nora bangkit | kathah kang pêjah | jalma salêbêt biting ||
2. nora
--- [f. 10v] ---
pêgat Bugis Bali akèh prapta | Kumpêni mèh adhidhik | abonglot kewala | akathah nandhang lara | tan mangan pinangan gêring | Jawa Wêlănda | Bali kalawan Bugis ||
3. kathah tukaran wong Lasêm kathah pêjah | nulya sami mêdali | samya rêbat pangan | nulya pinêthuk ing prang | long-linongan silih ukih[18] | ajidan jindral | pun Dongkêl nandhang kanin ||
4. tantuk margi Kumpêni wangsul bitingan | sakêlangkung asêdhih | akêkês atinya | kang gêring sami pêjah | pangeran rêmbagan sami | pangran akarsa | utusan mring Mêtawis ||
5. tur uninga bupati rêmbag sadaya | sampun adamêl tulis | duta wus lumampah | tan kawarna ing marga | ing Mêtaram sampun prapti | katur susunan | ngandikan marang ngarsi ||
6. atur sêmbah pun dasih inggih dinuta | ngaturkên sêmbah bêkti | putra sri nalendra | tuwin para bupatya | punika kang punang tulis | sampun tinampan | surat sinukmèng galih ||
7. lamun mêngsah arsa dhatêng ing Mêtaram | sunan ngandika aris | wis duta muliha | pajara putraningwang | mêsthi antara rong wêngi | mariyêm prapta | saha bantu prajurit ||
8. duta nêmbah nulya mit sampun anulak | kawarnaa sang aji | gandhèk wus dinuta | kinèn animbalana | Mas Răngga sakancanèki | kinèn bantua | mring Pamalon kang baris ||
9. gandhèk mintar aluwaran sri nalendra | wus aminta tumuli | bantu kang lumampah | wong mukmin Kaji Wingka | maryêm catur dèn [dè...]
--- [f. 11r] ---
[...n] bêktani | wong kadipatyan | wau ingkang tut wingking ||
10. Arya Panatas ngirid sakancanira | ênêngêna winuni | duta tur uninga | prapta matur pangeran | purwa ing wêsana ênting | gandhèk kocapa | kang dhatêng Sokawati ||
11. dhinawuhan Mas Răngga kinèn bantua | mring Pamalon kang baris | wus suwarèng wadya | adangdan samya budhal | ing Pamalon sampun prapti | lajêng Mas Răngga | nata wadya prajurit ||
12. tataning prang kinarya gêlar prit nêba | mêdal sakilèn biting | sawadya Karanggan | pêpak kang para garwa | Ki Mas Răngga anindhihi | majêng arampak | Kumpêni anadhahi ||
13. Bugis Bali Ambon Makasar Sêmbawa | kang sami anadhahi | sarêng anyênjata | mungsuh rowang agantya | barung êdrèling Kumpêni | ramening yuda | kathah pêjah myang kanin ||
14. duk sêmana Ranadipura kabranan | Adimênggala kanin | kang kantun anunjang | sami ngrampid bitingan | wadya Kumpêni ngêdrèli | Kumpêni Islam | panggah samya nadhahi ||
15. mriyêm munya ganti bum kalawan tiktak | kukus sundawa anglir | pendah ampak-ampak | ya ta wadya Karanggan | sangsaya kathah kang kanin | kathahên lawan | dadya samya ngunduri ||
16. dèrèng têbah nuntên wontên usar mêdal | sangking biting kêkalih | nèng kuda sandêran | sarêng mèh prapta nulya | nyênjata marêp ing wuri | nyana sadaya | sakèh wong Sokawati ||
17. yèn Kumpêni usar nêdya bêkti nata | wong Karanggan manggihi | pinirsa turira | yun bêkti mring sang nata | purun ngabên lan Kumpêni |
--- [f. 11v] ---
katur Mas Răngga | ature kadya uni ||
18. nulya katur mring Pangran Mangkunêgara | kinèn nyaoskên aji | wus kunjuk sang nata | antawis kalih dina | patêdhan mariyêm prapti | lan Kaji Wingka | nindhihi para santri ||
19. sakathahe abdi dalêm Suranata | Arya Panatas ngirid | dinuta sang nata | sakănca kadipatyan | Ki Jalêgong anisihi | pakuwon prapta | pangkur ingkang gumanti ||
6. Pangkur
1. duta wus panggih dipatya | Jayaningrat dhawuh timbalan aji | jangandika[19] tampi gupuh | maryêm dalêm sakawan | karsa dalêm ngandikakkên ngantêp pupuh | mriyêm lajêng diturna |[20] mring Pangran Mangkunêgari ||
2. ing sakathah-kathahira | wus tinampan dening ki adipati | inggih sandika turipun | mulih wong kadipatyan | ingkang kari Suranata tindhihipun | awasta Ki Kaji Wingka | nuntên malih gandhèk prapti ||
3. ngêmban timbalaning nata | lan angirid bantu wadya pinilih | pangran timbalan sang prabu | dhawuha jêngandika | prakawis mêngsah Pamalon barisipun | sampun katos[21] garêbêgan | timbalanira narpati ||
4. kesahe sing ngriki mêngsah | lan malihe dhawuh timbalan aji | wadya Kapilih sadarum | Mas Răngga nindhihana | tur sandika pangran undhang-undhang gupuh | pangran arsa ngantêp yuda | têngara tinêmbang aglis ||
5. tambur bèri asauran | sampun kumpul gêgamannya miranti | angrampid biting sadarum | mêdal êlèr pangeran | Ki Mas Răngga mêdal [mêda...]
--- [f. 12r] ---
[...l] wetan rencangipun | sawarnine wadya dharat | tanapi wadya Kapilih ||
6. Ki Janingrat Janêgara | Janapura sami anitih wajik | sawadyanya mêdal kidul | samana kang adharat | nulya campuh kang bêdhil rame gumuruh | ing jro jawi asauran | mariyêm aganti muni ||
7. swarane lir gunung rêbah | yèn pinirsa kadya bêlah pratiwi | lir gêlap sèwu atarung | jêng susunan pawara | nêningali tan bêkta parêpat prabu | anging lawan pariwara | anèng Ardi Selagudhig ||
8. angrampid Ki Kaji Wingka | sakancane ginarudug ing bêdhil | arame dènira tarung | Ki Khaji Wingka tiwas | kenging mimis mariyêm ki kaji lampus | wadya Kapilih tumingal | sadaya angamuk wani ||
9. Kapilih pêjah satunggal | Jayawiruda wau ingkang nami | mêngsah kang nèng jro kèh lampus | langkung rame sadina | dènnya tarung maksa tan bêdhah kasaput | dalu wus mundur sadaya | wadya pêjah dèn bêciki ||
10. dalu rêmbag ngantêp yuda | enjing muni têngara ing ajurit | sauran prasamya kumpul | wus campuh kang ayuda | langkung rame swaraning bêdhil gumrudug | mariyêm lawan sunapan[22] | surak mor jro lawan jawi ||
11. silih ukih langkung ramya | ingkang jawi sakêlangkung awani | kang nèng jro kalangkung pangguh | mêngsah rewang kèh pêjah | prang sadina tan bêdhah sêlak kasaput | ing latri mundur sadaya | sadalu rêmbagan sami ||
12. enjing kinêpang kewala | ingkang anèng jro datan purun mijil | katadhahan[23] [ka...]
--- [f. 12v] ---
[...tadhahan] lamun mêtu | dhêdhêp wadya Wêlănda | langkung sêdhih tan mangan gagêring agung | obat mimise mèh têlas | mèh dhidhik kesah pribadi ||
13. ing latri anyalong[24] lampah | pan utusan mring Sala wus lumaris | tumulya anêdha bantu | kocap kangjêng pangeran | rêrêmbagan pangeran ing karsanipun | di dalêm ing jro sadaya | ingantukakên prasami ||
14. angadhêpa sri nalendra | samya rêmbag sakyèh para bupati | binêktanan tulis wau | enjinge nulya mangkat | sampun prapta Mêtaram sowan sang prabu | katur ing salampahira | sarta surat katur ngaji ||
15. binuka sinukmèng driya | punika surat katur dhatêng aji | saha sêmbah buktènipun[25] | Pangran Mangkunêgara | sêmbah buktinipun bupati sadarum | prasami kawilujêngan | lan malih abdi jro sami ||
16. luhung ngadhêpa paduka | bili[26] aji karsa miyos tinangkil | lan malih tur kula prabu | myang bupati sadaya | sampun rêmbug kula tur uninga prabu | mêngsah wus alit kang manih |[27] mangke datan purun mijil ||
7. Mijil
1. pramila mangke sri narapati | kakêpang kimawon | lawan para bupati sakèhe | yèn kapêrangana kados lami | gunanipun kêdhik | ing sabudènipun ||
2. mêngsah punika ămba kadugi | wuwuha punang wong | têksih purun nadhahi jurite | sampun titi kundur sri bupati | sukur ingkang galih | ênêngna sang
--- [f. 13r] ---
prabu ||
3. kawarnaa nêgari Sêmawis | ingkang winiraos | gupênur dhatêngan utusane | saking Sala mangke asung uning | kang sami abaris | Pamalon sadarum ||
4. sakathahe kang wadya Kumpêni | samya kewran kang wong | obat mimisipun têlas kabèh | sangunipun sadaya wus ênting | tan sagêd angambil | têdha dipun kêpung ||
5. sakèh Kumpêni tan kêna mijil | tan tinulung mangko | masthi risak Kumpêni sakèhe | sru aruntik upênur[28] kapati | arsa ngantêp jurit | kêrigan sadarum ||
6. wong pasisir kulon wetan sami | kêrigan punang wong | Kumpêni langkung dening susahe | Kumpêni Islam lawan Wêlandi | ingkang nugang[29] wajik | Wlandi kawan atus ||
7. Kumpêni Islam kèh sangang biting | tolong satus kang wong | Kapitan Kèngsêr satus rincange | Kapitan Bagus satus wadyèki | wontên satus malih | Kapitan Lumayu ||
8. wong Sêmbawa nindhihi sabiting | Cili[30] satus kang wong | Kapitan Buyung satus nrowange[31] | Kapitan Barak bêkta sabiting | Saembang sabiting | Wêlandi pan agung ||
9. nêmatus Walandi jalan kaki | langkung gênge mangko | wong pasisir wetan tumut kabèh | Dipati Dêmak Martanêgari | Dyan Wiranêgari | nênggih sisihipun ||
10. tanapi wau ta Pangran Wijil | Jêpara punang wong | Citrasoma Wirapraja mangke | Căndratruna ing Kudus nêgari | Mas Riya sawiji | Santênan winuwus ||
11. Citradiwirya Dyan Mêgatsari | kilèn winiraos | ing Sêmarang tumut [tu...]
--- [f. 13v] ---
[...mut] kêkasihe | Suradimênggala lawan malih | Ki Martanêgari | Gamulak gih tumut ||
12. Kabêstam tumut lampah Kumpêni | patarosaning wong | mila dat kari ing lampahe |[32] wong ing Kaliwungu sampun prapti | nging pêpatihnèki | kang kilèn sadarum ||
13. karsanira arsa ngantêp jurit | kang mring Kêdhu kang wong | Mayor Hop Kumêndam Isting mangke | wau kang kinarya senapati | lampahe nyarêngi | kalawan gupênur ||
14. drêgundêr mring Kêdhu kalih biting | ngrong atus ing mangke |[33] jalan kaki kalih mariyême | tiktak sakawan Kumpêni malih | Islam kawan biting | kapitannya catur ||
15. Kapitan Jakup wonge sabiting | malih satus kang wong | Kapitan Yusup pan têtindhihe | Luknan Samad bêkta satus malih | satus Luknan Kasim | durmane kang kantun ||
8. Durma
1. Jawi Rahadèn Janingrat duk sêmana | Ngastina ingkang nagri | Cakrajaya Batang | nanging kantun punika | sakathahe para bupati |[34] kilèn sadaya | tumut Mayor Ubristing ||
2. mring Bagêlèn ambantoni Ki Toyamas | Patih Ngastinapati | igih[35] atut wuntat | kang mring Kêdhu wus budhal | ing Walèri tata baris | sigêg kocapa | gupênur budhal aglis ||
3. mêdal Dêmak anjog nagri Garobogan | sadalu jing lumaris | lir mêndhung lêlampah | galong[36] dados satunggal | Jawa tinon warni-warni | prapta ing Sadhang | mondhok pinggiring kali ||
4. Pangran Wijil dinuta dhatêng ing Sala | kinèn atur udani | dhatêng jêng susunan | ingantos [ing...]
--- [f. 14r] ---
[...antos] mondhok lama | Pangran Wijil sampun prapti | ing Surakarta | wus cundhuk ing sang aji ||
5. Pangran Wijil matur kawula dinuta | saudara sang aji | gupênur yèn arsa | inggih antêp yuda |[37] andhok kang pinggir bênawi | wasta ing Sadhang | ing Pamalon kang baris ||
6. timbalan tinahanêna ing sakêdhap | sampun mundur kang baris | masthi tuwan prapta | atulung ing ayuda | gandhèk dinuta narpati | agêgancangan | mring Pamalon kawarni ||
7. Pangran Wijil matur sudara panduka | arsa panggih narpati | alah inggih paman | anyaosi manira | wus nulak Pangeran Wijil | Sadhang wus prapta | anutur lampah ênting ||
8. sampun budhal upênur daut sadaya | ing Garompol wus prapti | salatri jing budhal | ing Cêlêp sampun prapta | susunan dipun aturi | apêpanggihan | lan gupênur tumuli ||
9. tan kawarna sunan bodhol saha wadya | tanapi wong Kumpêni | kang jaga susunan | sami ngiring nalendra | baris ing Cêlêp wus prapti | asukan-sukan | mangan anginum sami ||
10. sampun nginum nulya sami rêrêmbugan | gupênur lan sang aji | sasampuning rêmbag | tan nyipêng jêng susunan | sampun jêngkar sri bupati | mring Surakarta | sigêgên kang winarni ||
11. anyarêngi Bagêlèn Cancangan yuda | wadyabala Kumpêni | kalawan Pangeran | Purbaya mêngsahira | tan ana kasoran jurit | gantos kewala | antawise sasasi ||
12. wong Kumpêni pan arsa angantêp yuda | lan sakèhing bupati |
--- [f. 14v] ---
sadaya wus rêmbag | adan nulya anglarag | mring Bagêlèn wus kapanggih | pinapag ing prang | ing Rante gènnya jurit ||
13. sampun kawon pangeran wau lumajar | ing Rante kang dèn gèni | Kumpêni wus nulak | kèndêl baris Ngungaran | sakèh bupati pasisir | kumpul sadaya | Ki Toyamas winarni ||
14. lawan Ănggawăngsa mapan wus lumajar |[38] loji pan sampun dadi | saha binêcikan | Kumpêni nulya nglarag | lawan bupati pasisir | dhatêng rendhetan | pinêthuk campuh jurit ||
15. aprang rame long-linongan gênti pêjah | kasaput dening wêngi | wus mundur kang yuda | nora nana kuciwa | injingipun campuh malih | rame kang aprang | pangran sampun kalindhih ||
16. jêng pangeran palajêngira mangetan | Kumpêni wangsul malih | mring baris Ngungaran | nèng Tanggung jêng pangeran | antawis satêngah sasi | Ubristing bubar | mantuk dhatêng Tatêgil ||
17. lan sagung bupati pasisir sadaya | Ki Toyamas tut wingking | kang kari Ngungaran | anging Ki Ănggawăngsa | lawan kang wadya Kumpêni | pan wolung dasa | drêgundêr lawan malih ||
18. wong Wêlănda wolung dasa ingkang dharat | miwah wong Bugis Bali | nging satus sawidak | kèhe Kumpêni Sêlam | sigêgên kocapa malih | kang bêbarisan | ing Cêlêp sampun lami ||
19. nora budhal tansah matêngakên rêmbag | sakèh wadyanirèki | mufakat sadaya | enjingira budhalan | ing Dhadhapan sampun prapti | mondhok sadaya | lamine
--- [f. 15r] ---
sangang latri ||
20. injing budhal sami ngalih pamondhokan | sawadyabalanèki | nèng wetan kadhatyan | gènira pamondhokan | prênah sakiduling loji | lami nèng kana | inggih sadasa latri ||
21. sami sêdhih wong pasisir kang tut wuntat | sangune sampun ênting | mubêng tan kongsi prang | gupênur undhang-undhang | arsa mulih mring Sêmawis | sakèh kang mirsa | kasmaran ing pawarti ||
9. Asmaradana
1. abungah wadya pasisir | sadaya prasamya dangdan | upênur bubar lampahe | mêdal margi Wonakarta | ing Ngasêm sampun prapta | Kumpêni baris marga gung | tan suka jalma kang liwat ||
2. Banyudona dèn pondhoki | wus tigang dina laminya | upênur utusan age | bantu tulung kang dèn kêpang | Pamalon barisira | Kumpêni kinèn sadarum | majêng dhatêng ing Mataram ||
3. bantu wus budhal tumuli | tan kawarna lampahira | latri Pamalon praptane | kang ngêpang katêlamunan | dahat datan uninga | wingking gupênur lumaku | Bayalali sampun prapta ||
4. lampah mêdal kidul nênggih | gupênur mêdal ing Soca | lajêng amondhok lampahe | kocapa kangjêng pangeran | wadya pacalang prapta | tur uning mêngsah gêng rawuh | gupênur lawan wong Jawa ||
5. tanpa wilangan wadyèki | kajênge[39] dhatêng Mêtaram | kagyat pangran mirsa ture | sangêt jrihe katon liwat | dening dèrèng tur wikan | anulya dangdan prang pupuh [pu...]
--- [f. 15v] ---
[...puh] | kang dèn ajak mung Jadirja ||
6. sagung pra bupati kari | sawadyanira sadaya | kang binêkta prajurite | ingkang sami pêpilihan | lan Jadirja sawadya | budhal ngodhol karsanipun | enjing upênur lumampah ||
7. ing Sêkar kang dèn pondhoki | sadalu enjing kapapag | tan wangwang campuh prang rame | wontên sakiduling Sêkar | gumrudug kang sênjata | long-linongan ganti lampus | mêngsah akathah kang pêjah ||
8. wong Pangeranan kèh kanin | ngêdrèl ingamuk awor prang | mêngsah pêjah panambure | kalimput pangran kabyatan | ngamuk-ngamuk katulak | pangran ngilèn dènnya mundur | Kumpêni ngidul lumampah ||
9. pangran mingêr ngalèr uni | ing Pamalon kang kocapa | kang jro biting mêdal kabèh | daut mêngalèr lampahnya | kang ngêpung gègèr ramya | samya nututi sadarum | tan ana kari tut wuntat ||
10. wadya Pajang lan Mêtawis | tuwin wadya Sokawatya | bupati nindhihi kabèh | Ki Dipati Jayaningrat | lawan Jayanêgara | Janapura nora kantun | Tumênggung Suryanêgara ||
11. Tumênggung Wiradigdèki | lan Tumênggung Măndaraka | wadya Pajang têtindhihe | Ki Tumênggung Danawarsa | Sokawati Mas Răngga | Ranadipura Tumênggung | Brajamusthi sakancanya ||
12. nèng ngarsa wong Sokawati | anulya Kadanawarsan | Janingratan nèng wurine | atêpang Jayanêgaran | sambung Kajanapuran | Suryanêgaran atêpung | Măndarakan Wiradigdan ||
13. panarkane pra bupati | Kumpêni têlas kang manah | mila kêrig panusule | gupênur sampun lumampah | kapêthuk langn[40] kang mêdal | nèng dhusun Cêpaka kumpul | kang
--- [f. 16r] ---
bujung anulya aprang ||
14. ingkang atarung rumiyin | abdi dalêm Sokawatya | sakêlangkung dening rame | kasêsêr wong Sokawatya | samya mundur mangetan | wong Kadanawarsan campuh | arame êlong-linongan ||
15. Wêlandi pêjah kêkalih | kang angsal têtiyang magang | Suradirana arane | magange Ki Danawarsa | rencange nging sadasa | Kumpêni akathah tatu | dening wong Kadanawarsan ||
16. kang pêjah anging satunggil | wus kawon Kudanawarsa | wong Mêtaram campuh rame | wontên dhusun Pasanggrahan | wetan Malon prênahnya | sakêlangkung ramenipun | Wêlandi pajah[41] sakawan ||
17. kabandhang dangdanannèki | wong Mêtaram ingurugan | kabyatan anulya kawon | wus mundur ngidul angetan | lampah eca kewala | Kumpêni sampun malêbu | biting Pamalon sadaya ||
18. Pangeran Makunêgari[42] | wus nglajêngakên utusan | atur uninga sang rajèng | duta prapta ing Mêtaram | katur wus tinimbalan | wotsêkar matur sang prabu | pun dasih ngutus tur wikan ||
19. dening putra sang nrêpati | yèn mêngsah dalêm gêng prapta | pun upênur sawadyane | sêdyanya ngrusak Mêtaram | gaman tanpa wilangan | pasisir sadaya tumut | Pamalon têmpur anglêmpak ||
20. mya[43] wong Surakarta nunggil | sêdyane angantêp yuda | binabar pisan sirnane | ngandika sri naranata | mungsuh nèng ngêndi gonnya | wontên Pamalon akumpul | hèh duta sira waraha ||
21. putraningsun ki dipati | yèn Si Wêlănda lumampah | ingsun amapag yudane | dèn [dè...]
--- [f. 16v] ---
[...n] riwuka têka wuntat | uwis sira balia | sang duta mit nêmbah mantuk | sinambêr dhangdhang srêngkara ||
10. Dhandhanggula
1. sri nalendra pradangdanan jurit | wus undhang-undhang kang wadyabala | wus sami pêpêkan kabèh | wong jro jawi wus kumpul | para garwa adangdan sami | susunan nulya budhal | mapag karsanipun | nging aprang lèrès kewala | karsa dalêm pinêthuk ing Lèpènbêning | pinakewuh marganya ||
2. lèpèn jêjurang dipun sangkrahi | sakèh margi sami pinathokan | pinrih ewuha margane | para garwa sadarum | wus sininggahakên ing ardi | Kumpêni kang kocapa | anèng bitingipun | Pamalon pinarag salad | gêring agung Wêlănda akathah mati | kang gêsang ting sulayah ||
3. nging tigang latri susah kapati | nèng Pamalon nulya rêrêmbagan | mijil tinata lampahe | dinèkèn[44] têngah iku | ingkang sakit Pangran Dipati | Sêcaningrat nèng ngarsa | Kumpêni sadarum | anèng wingking lampahira | wong pasisir nèng ngarsa dènnya lumaris | mantrinya samya ngrêmbat ||
4. kirang jagul maryêm ngarsa kalih | sinandhingan wawolu kang titak[45] | nèng têngah kalih maryême | sakawan tiktakipun | wuri kalih mariyêmnèki | sakawan tiktakira | lampah tinut pungkur | wong Kumpêni nora obah | sangêt ngriwuk kinalang-kalang samargi | bêbêdhilan aramya ||
5. mêngsah lan Pangran Mangkunêgari | prang samarga pangar Mataram |[46] anèng Taji wau [wa...]
--- [f. 17r] ---
[...u] gène | kabèh prayitnèng kewuh | mêngsah ngajêng prasamya uning | tumingal wong Mêtaram | pinapag atarung | prang rame gênti kabêdhag | wus kuciwa wong Sêcaningrat kalindhih | binuru ngungsi wuntat ||
6. wus kumpul papak lampahirèki | Kumpêni lajêng galong lampahnya | wus prapta Taji lampahe | wadya Mêtaram mêthuk | pangran jêjêl sangking ing wingking | nêmpuh sawadyanira | tan obah kang mungsuh | Kumpêni eca lumampah | wus kawratan wadya Mêtaram gumingsir | pangran angalang-alang ||
7. saking wuri sawadyaningrèki[47] | ngering kanan pinrih kuwurira | Kumpêni lajêng lampahe | Parambanan wus rawuh | sampun mondhok tataning baris | kubêng baris Wêlănda | kocap kang sinuhun | sêdhênge nèng Pajarakan | sampun prapta pangajêng atur udani | mêngsah brăngta angarang ||
11. Asmaradana
1. sinuwun mêngsah gêng prapti | mondhok wontên Parambanan | akubêng tata barisa |[48] sri nalendra angandika | mring sagung wadyabala | sakathahe wadyaningsun | kaya prèhe rêmbagira ||
2. sami matur angabêkti | sumăngga karsa nalendra | darmi anglampahi mangke | eca imbalan wêcana | kang putra nuntên prapta | sowan angêsahkên rêmbug | nuwun pangandika nata ||
3. angandika sri bupati | amarêngi putraningwang | bupati wus pêpak kabèh | prakara kang mêngsah prapta | kaprèhe pikirira | tanapi kabèh wadyèngsun |
--- [f. 17v] ---
sawêwaninira dhawak ||
4. kang putra matur ngabêkti | sumăngga karsa narendra | mila kawula asaos | anacahi karsa nata | cabar tiwas kawula | borong punapa sang prabu | pangangge ămba sapakyan ||
5. cabar tiwasa kang abdi | lêbura dèn kadi kisma | yèn wontên andika katong | pan sadaya têksih sura | dèrèng si yèn ulapa | kadipundi kănca rêmbug | gêng alit asaur pêksa ||
6. samya rêmbug anarungi | pundi gèn malês sih kathah | yèn tan winalês pati ngong | rah daging kula salimas | kagunganing nalendra | awora pratala danu | inggih dasih suka pêjah ||
7. yèn lumampah karya aji | sadaya rêmbag mangkana | iya sun tarima kabèh | ya ta bêktinira mringwang | nging dudu karsaningwang | saiki mangsanya durung | nadyan mêrangana benjang ||
8. barênga lan jênêng mami | dening mêngko yèn sêmbada | karsaningsun putraningong | tanapi wadya sadaya | binjang enjang sun papag | prang lèrès ja ngantêp purun | dèn padha emut têngêran ||
9. têngêran munduring jurit | padha mundura sadaya | aja lali wêling ingong | lan karsa ngong yèn sêmbada | putrèngsun ki dipatya | andum para singa untung | laku akèh dadya tunggal ||
10. mêngsah kewrana ing ati | akèha ingkang dèn taha | ya mangkene karsaningong | sira dadia pugaran | sabudi angriwuka | ingong kentar karsaningsun | tindak marang Sokawatya ||
--- [f. 18r] ---
11. wong ing jro sun gawa sami | lan pamanira Si Răngga | iya kabèh sakancane | milua ing tindak ingwang | dening sakèhing wadya | karèha sira putrèngsun | sira dadi gêgunungan ||
12. nadhahi baris Kumpêni | malih sira amêncara | Si Măndaraka putrangong | kalawan Si Wiradigda | wong roro anuntuna | mêngsah lajua mring Kêdhu | tulung kangmas Diwijaya ||
13. Si Besan lan Janêgari | Janapura angancika | ing Mataram sakancane | yèn pinêndêng dening mêngsah | ya mubênga kewala | sira ngriwuka putrèngsun | sarta tunggua ing Pajang ||
14. dening kang kèh mêncar iki | yèn tiwas ngungsia sira | Bagêlèn Kêdhu sakèhe | Mataram ngungsia sira | pangran langkung arêmbag | wangsula pagenanamu[49] | esuk ja mundur bodhola ||
12. Durma
1. bubar dalu sami mantuk sowang-sowang | kang kantun amiranti | pagenan atata | enjing Kumpêni mangkat | pinêthuk ing Kalibêning | sami suranya | dyan campuh ing ajurit ||
2. ingkang tarung rumiyin pangajêngira | sadaya wong pasisir | langkung ramening prang | aganti long-linongan | lir grah gumrudug kang bêdhil | sampun kuciwa | wong pasisir katitih ||
3. pan binuru kacandhak akèh palastra | anulya dèn tulungi | Pangran Sêcaningrat | kabyatan wong Mataram | kang wingking jêjêl nulungi | rame kang yuda | long-linongan kèh mati ||
4. anulya abdi dalêm jêro sadaya | tandange nyêrod wani | Pangran Sêcaningrat | kajêjêl wus lumajar | arsa tulung wong
--- [f. 18v] ---
Kumpêni | wingking nêmpuh prang | Pangran Mangkunêgari ||
5. ngêtab kuda anandêr sawadyanira | pyuk amor ingkang jurit | rame lêt-ulêtan | Kumpêni kathah pêjah | Mangkunêgaran kèh kanin | wontên kang pêjah | wadya Kumpêni mati ||
6. lan rincange Kumpêni ungkur-ungkuran | gancang dêlèr anuli | ngingêr mariyêmnya | tanapi punang tiktak | prênahe rada kapering | ngidul angetan | mariyêm kang sapalih ||
7. ngajêngira mariyêm ngalèr angetan | dyan barung tiktak muni | mariyêm sauran | lir umob ingkang kawah | swara kadi gêlap muni | mundur pangeran | kapapan dènnya jurit ||
8. wong Mataram tan puli[50] ing pêrangira | rêmbag sami ngunduri | dèn prih agalaka | wau kang punang mêngsah | anulya mundur aririh | pan binêdhilan | sangking ngiringannèki ||
9. wong Kumpêni arsa nyabranga sadaya | gamannya amiranti | kudhi wadung kampak | samarga tinarungan | mêngsah babad bari jurit | maryêm tan pêgat | ngalèr wadya Mêtawis ||
10. mêngsah laju sapalih wadya jro samya | siluman amiranti | nganyut uripira | sami nekad kewala | kang parêk anêmpuh wani | sarêng narajang | mêngsah tanggung nêngahi ||
11. nêrod wani wong kaparak ing Mataram | kang èwêd papannèki | awor rame aprang | mêngsah akathah pêjah | nora lih lawan ajurit | mêngsah katulak | anunjang kang nèng wuri ||
12. langkung èwêd tambuh mungsuh lawan rowang | dhadha rapêt lan gigir | jêjêl wong Mêtaram | mêngsah tatu akathah | kêna [kê...]
--- [f. 19r] ---
[...na] gamane pribadi | maryêm pinasang | atulung tiktak muni ||
13. tan gumingsir wong ing jro riwut sadaya | padha lali prajangji | dadya jurit kêkah | tusing wong warêg dana | pramila tan ajrih pati | bêndhe têngaran | munya lir dhangdhang muni ||
13. Dhandhanggula
1. bêndhe têngara mundur kang jurit | wadya mirsa emut prajangjeyan | wus mundur prang jurit kabèh | anungsung maryêmipun | punang mêngsah amburu lirih | manahe jaga-jaga | wus têbih kang mundur | pangeran lan Jayaningrat | ngriwuk wuntat mingêr ngetan sang narpati | sampun anabrang umpak ||
2. wong Kumpêni araryan kang baris | Randhulawang mapan nging sakêdhap | anulya lajêng lampahe | pangran samya angriwuk | pan kiniwa têngên Kumpêni | tinugêl sangking têngah | tan bisa lumaku | mondhok kidul Pajarakan | salèr Pajagalan sakilèning margi | ing dhusun Cupusela ||
3. Pangran Sêmboja dèn pasanggrahi | ki dipati mondhok ing Têmanggal | Kumpêni lampah enjinge | ngandhap pasar wus rawuh | ing Ngayugya amondhok sami | nêngna mêngsah nèng Yugya | winuni sinuhun | lêstantun minggah ing arga | menggok ngalèr anjog Pamêthakan panggih | Mas Răngga ing Mutihan ||
4. nging sadalu enjinge lumaris | tindak ngidul ngetan Gênthan prapta | wus masanggrahan sang rajèng | budhal ngaler jingipun | masanggrahan Kêmit sawêngi | enjing makuwon Sima | mangetan jingipun | Kawêdhèn amasanggrahan | arêmbagan [arêmba...]
--- [f. 19v] ---
[...gan] sadalu ngandika aji | hèh ya Răngga Jadirja ||
5. sakèh prajurit jro lawan jawi | ingsun tinggal sira nindhihana | kang milu sun kira bae | sira rusaka gupuh | nagri Surakarta dèn ênting | wong roro nindhihana | sunan injing laju | prapta Buras Sokawatya | têngah wana aprênah pakuwon aji | kocapa Ki Mas Răngga ||
6. kang angrisak ing Kartasura di | tan dèn agopi wêngi lan siyang | puyêngan Sala gègère | samya tintrim yèn dalu | salang sêngguh tambuh dèn ungsi | rowang mungsuh tan wikan | pan sêdhih sadarum | yèn dalu kêkês manahnya | pan ora na tulung-tinulungan sami | ngrêksa wismane dhawak ||
7. tan kêna mirsa syaraning jalmi | arêrasan ingkang ragi sora | wus kawus kabèh manahe | siring lèr wetan lêbur | tinukupan dipun abongi[51] | Radyan Arya Malaya- | kusuma tinukup | lumajêng akuthatharan | darbèk têlas mung dhuwunge kang dèn cangking | ngungsi Kapringgalayan ||
8. kapalipun pan kenging kêkalih | sadarbèke nora kawarnaa | wus lêbur lèr kilèn kabèh | mangetan lampahipun | Ki Mas Răngga nabrang bênawi | angrisak siring wetan | sadaya wus lêbur | Sala gègère puyêngan | samya tintrim tan ana purun mêdali | samya ngili jro pura ||
9. ênêngêna ganti kang ginupit | amangsuli ingkang tunggal kăndha | anyarêngi ing lampahe | Kumpêni kang mring Kêdhu | lan upênur êlêt salatri | angkate sing Sêmarang | mondhok [mo...]
--- [f. 20r] ---
[...ndhok] Kaliwungu | enjing budhal mondhok Kêndhal | enjing budhal amondhok wontên Wêlèri | lami atatan-tatan ||
10. rupak jagate wadya Kumpêni | siring kidulipun ing Bahrawa | tumut ing Mataram kabèh | tan bisa ngambah Kêdhu | wong Kumpêni anganti-anti | Bupati Surakarta | Tigaron gènipun | inggih kasêsêr yudanya | lawan wadya Mêtaram mila angusi[52] | Bahrawa kawon aprang ||
11. arsa tinulungan ing Kumpêni | sampun mangkat sarêng lampahira | lan kang nèng Wêlèri mangke | mila ngantosi laku | kawarnaa kang samya mulih | wong pasisir sadaya | mapan sampun mantuk | nêgarane sowang-sowang | Mayor Ubrus wus mantuk dhatêng Têtêgil | wus nusul Jayèngrana ||
12. lan pêpatih ing Ngastinapati | baris Wêlèri mapan wus prapta | wus kumpul gêgaman akèh | arêmbagan sadalu | ênêngêna ingkang winuni | kang ngrisak Surakarta | Ki Mas Răngga wau | siring wetan sampun têlas | nuntên gandhèk prapta sira animbali | Răngga sakancanira ||
13. lan Jadirja dyan lumampah kalih | tan kawarna wus prapta ngajêngan | susunan pangandikane | kaya prèhe lakumu | Răngga Jayadirja wotsari | anuwun sri nalendra | inggih sunan sampun | ngrisak nagri Surakarta | siring kang lèr kilèn wetan risak sami | pagriyan kaobongan ||
14. nanging dèrèng malêbêt nêgari | sangking awon kula miwah kănca |
--- [f. 20v] ---
ya wis bêgjaningsun mangke | ing mêngke karsaningsun | marang Surakarta nindhihi | wadya sun ka[53] ngrêrusak | sumăngga ing kayun | sun atindak saking Buras | bodhol wangsul Kawêdhèn dèn pasanggrahi | aran desa Wardugang ||
15. pindhah pasanggrahan Nêba uni | Kamangunan sakilèn Wardugang | sineba ngandika rajèng | bocah kang duwe laku | ngrisak Surakarta kang dhingin | sira kang nindhihana | Răngga Jadirjèku | nutugna ing lakunira | tur sandika Răngga Jadirja wotsari | sampun mangkat sadaya ||
16. Surakarta wus rinisak ênting | samya tintrim yèn wêngi ngalêmpak | eyang-eyung gègèr kabèh | Kêrtanêgara têluk | kêdah bêkti Sunan Mêtawis | tinimbalan ing ngarsa- | nira sang aprabu | hèh Kartanêgara sira | iku têka kamangkara seba mami | sira wus awibawa ||
17. têka seba wong kawêlasasih | jalma ina papa awak ingwang | Kartanêgara ature | larang lih kula puwung | yèn marêngi saos ing kardi | mèsêm sunan ngandika | pa têmên sirèku | Kartanêgara wotsêkar | asupata kathah-kathah katur ngaji | lah iya sun tarima ||
18. apa sira kuwat ngangkat kardi | inggih lamun angsal barkat nata | ingkang ombo[54] suwun rajèng | yèn marênga lan prabu | gih pun Putat lan kilèn margi | sakiwa têngên Sala | ingkang ămba suwun | apa sira wani ngrusak | Surakarta purun yèn wontên karsa ji | mapan sampun linilan ||
--- [f. 21r] ---
19. nulya kinèn ngrisak Sala uni | sarta sampun kinanthenan lurah | saragni abdi lamine | Yitnajaya ranipun | kinèn jangkung lakunirèki | Tumênggung Jayadirja | Brajamusthi iku | uwis dèn rêmbag sadaya | samya budhal sunan anjog Sokawati | lan wadya kur-ukuran[55] ||
14. Pangkur
1. masanggrahan anèng Pandhak | enjing budhal ngetan sri narapati | makuwon Têpura prabu | trêp lama nulya karsa | damêl prajurit mukmin samya akumpul | winastan Suryawinata | ing sasi Siyam lêrêsi ||
2. taun Alip sinêngkalan | pêndhawa pandhita obahing bumi |[56] sigêgên ingkang winuwus | Pangran Mangkunêgara | lan sakèhe wadya ji kang sami ngriwuk | bupati samya dum para | de mêngsah pagenannèki ||
3. ingkang agêng anèng Yugya | ingkang ngriwuk igih bupati katri | Dipati Janingrat iku | Tumênggung Janêgara | Janapura miwah wadya i Mêtarum | sadina-dina tarung prang | lèrès wadya ing Matawis ||
4. Pajang ingkang jaga mêngsah | Wiranata pangajênging ajurit | Sura Mangunjaya iku | miwah Kartanêgara | Pangran Mangkunêgara Wêdhi gènipun | kalih latri ngalih gènnya | mondhok Sumbêr kalih latri ||
5. kang binêkta Danawarsa | mantri jêro wondening kang winuni | Măndraka Wiradigdèku | mring Kêdhu nunggil Pangran | Adiwijaya pacak baris ing Kêdhu | Pangeran Adiwijaya | Tigawanu êgonnèki[57] ||
6. ing Pingit [Pi...]
--- [f. 21v] ---
[...ngit] pangarsanira | Jagaulatan wau ingkang nindhihi |[58] ngajêngkên Bahrawa iku | Pangran Adiwijaya | ingaturan mring Bojanagara wau | wus masanggrahan alama | anêlasakên ing pikir ||
7. alami antaranira | Măndaraka Manorèh dèn anciki | Wiradigda dhatêng Kêdhu | prapta Bojanêgara | lan pangeran panggih rêmbagan sadalu | bupati pêpak sadaya | Radèn Mangkupraja tuwin ||
8. Ki Tumênggung Natayuda | rêrêmbagan arsa ngancik pasisir | nolèha kang mring Matarum | sadaya tan arêmbag | nuntên Natayuda wau kang asanggup | kadipundi kanthanira | rèh kabdèkakên nêrpati ||
9. tur dèn andêl pinaringan | bawah Kêdhu yèn tan purun nglampahi | sampun kesah sing Matarum | kawula kang asagah | anganciki ing Kêndhal ing Lèpènwungu | nadyan pêjah awak ingwang | ngong saosakên narpati ||
10. lan pêjaha sabilolah | yèn tan purun sintên ngandêl wak mami | kamisinên kabèh rêmbug | enjinge samya budhal | mondhok Selatugu budhal injingipun[59] | Wanagiri masanggrahan | sadalu enjing lumaris ||
11. ing Turèn pacak barisan | nuntên pangran utusan mring Kêndhal aglis |[60] tanapi mring Kaliwungu | pinrih sami emuta | darbe Ratu Mêtaram turun-tumurun | sang duta sampun lumampah | prapta ing Kêndhal nêgari ||
12. wus panggih kang punang duta | lawan wadya Kêndhal [Kê...]
--- [f. 22r] ---
[...ndhal] kang têngga margi | wus dhinawuhkên sadarum | wêlinge jêng pangeran | samya nuwun angecani aturipun | kang mring Kaliwungu ika | igih sami aturnèki ||
13. benjang kala asêsagah | punang duta wus amit nuli mulih | ing Turèn pan sampun rawuh | katur salampahira | wadya Kêndhal injing prapta sêgahipun | ingkang wingking pradangdanan | arsa amêthuk ing jurit ||
14. duta Kêndhal matur nêmbah | kula nuwun gusti arsa nindaki | dhatêng Kêndhal aturipun | abdi dalêm sadaya | gih sumăngga nanging wontên aturipun | ngupadosa margi liya | sampun anarajang baris ||
15. yèn abdi dalêm mundura | sing panggenan saklangkung dening ajrih | gusti sakathahanipun | langkung cukup sampeyan | Natayuda bramatyanira kalangkung | wong lingan saya katingal | kang kaya ta sira iki ||
16. mêndhak-mêndhak ing apadhang | luwih lali ngawula lanat kapir | tan emut aduwe ratu | lah uwis atutura | lêlurahmu pêsthi ingong nuli rawuh | aja na nguncati prana | dèn panggah padha wong bêcik ||
17. duta Kêndhal wus pamitan | sampun prapta ing Singkal dènnya baris | lampahipun wus tinutur | wong Kêndhal wus utusan | mring Walèri atutur mêngsah mèh rawuh | wus gêmêt têlas tuturnya | lah uwis wangsula aglis ||
18. aja na mundur dèn panggah | pêsthi ingong inggal prapta nulungi [nulung...]
--- [f. 22v] ---
[...i] | duta mulih kang winus |[61] ing Turèn rêrêmbagan | golèk marga kang tinrajang barisipun | dèn ingêri karsanira | Natayuda tan ngrêmbugi ||
19. langkung dening amêmirang | yèn upami cidraa sanggup mami | barise tinunjang purun | sampun jamak wong aprang | tiwas pêjah yèn untung angsal lêm prabu | Dyan Mangkupraja angucap | apemut wêcana aris ||
20. tumênggung aja agahan | Natayuda tur sabda wacana ris | nadyan pêjaha wak ingsun | sae ingucap jalma | anak kula asab ngabdèkên[62] sang prabu | yèn kula tiwas paprangan | lamun tatu gigir mami ||
21. ja ingingu anak ingwang | pra bupati atut sadaya sami | injing budhal anèng ngayun | Tumênggung Natayuda | sakancane lan Mangunkusuma iku | karsane arêbat dalan | Mangunkusuma samargi ||
22. dinêpsoni srinêngênan[63] | de ki tumênggung cinacad kêndho kardi |[64] Mangunkusuma kalangkung | wirangira ing jalma | wus anglalu andhingini lampahipun | sampun karsaning Pangeran | dhangdhang muni galik-galik ||
15. Dhandhanggula
1. nilar kănca anging rencangnèki | mung wong rolas jujug nagri Kêndhal | nuli lampusa awake | lumuh wirang kêlangkung | dening aran kêndho kang kardi | anandêr lampahira | wong rolas tan kantun | Ki Natayuda angucap | kae mau si adhi ngong dulu runtik | mara bocah
--- [f. 23r] ---
dèn kêbat ||
2. mênawi si adhi nêniwasi | Natayuda gancang wus kacandhak | Mangunkusuma lakune | nèng ngarsa sampun kumpul | prapta Singkal pinêthuk jurit | tan dangu nulya kalah | wong Kêndhal lumayu | duk binêrêg kathah pêjah | arsa lantas Mangunkusuma ngaturi | dèn lirih kănca têbah ||
3. ki tumênggung kèndêl dangu nganti | ingkang wingking nora nana prapta | adangu ingantos kabèh | anulya kinèn laju | Radyan Mangunkusuma uni | sarta pinêncir ngujar | isin têksih nêpsu | lajêng nora etang pêjah | Mangunkusuma dhingini tan anolih | Natayuda tut wuntat ||
4. Mangunkusuma lampahe aglis | nandêr napsu pisah sanès marga | wus karsaning Ywang ing mangke | pisah lan kadangipun | prapta nguntung ingkang nèng wuri | nututi Natayuda | mêlang kalihipun | tan kapanggih pisah marga | baya-baya pêsthi têka ngajalnèki | pangeran têksih têbah ||
5. miwah Radèn Mangkupraja nunggil | Wiradigda tan nyana ngajêng prang | ngenak-enak ing lakune | tan dipe lamun campuh | Natayuda prapta wanadri | kalêbêt gagêlaran | sungil marganipun | asingub lali marganya | rencangira angampah yèn asuwawi | ki tumênggung kèndêla ||
6. mênawi tiwas atêbah wuri | nulya ngantos ing wingking tan prapta | Natayuda osik tyase | mundura wirang langkung | ngangkat niyat donga talêkin | wus tam sajroning nala | jalma tuk pitulung | tan lali dhatêng Pangeran | nulya
--- [f. 23v] ---
mundhun[65] adharat asrah Ywang Widi | maca sadat sakarat ||
7. margi nusup tur ngajêngkên kali | miranti mêngsah gènnya amapan | nèng ngiringan samun gène | ing ngajêng mapan agung | margi gawat dados satunggil | rencang ulur kewala | Natayuda ngayun | wus asrah nganyut uripnya | sampun mudhun ing lèpèn dènnya lumaris | Natayuda mèh prapta ||
8. ing pêpadhang sampun munggah kali | katingal glar musuh nora adan | ginarudug bêdhil mangke | tan gingsir ki tumênggung | mêksa nêmpuh mêngsah kalindhih | wong Kêndhal wus lumajar | kawus kang nèng ngayun | kalajok[66] pamburunira | mêngsah wontên ngiringan samya udani | sarêng ngêdrèl sadaya ||
9. bêdhil karêngya tan katon jalmi | ampingan wana buh dèn walêsa | gumrudug bêdhil swarane | kanggêk kyai tumênggung | sampun kanin nora gumingsir | tan mundur dènira prang | uning rencangipun | angrêbat sarêng nêmpuhnya | mêngsah kawon nusup tanbuh parannèki | wus limut Natayuda ||
10. langkung prana dènira akanin | wus ingigahakên[67] ing turăngga | binêkta mundur tiwase | Wana Gamol gènipun | sampun sayah binêkta wajik | wus mantuk dhatêng ngajal | Natayuda lampus | kinuswa dening wadyanya | kancanira sawiji sarêng akanin | wasta Ki Mangkurêja ||
11. wus binêkta mundur kang ingurip | nulya kapêthuk [kapêthu...]
--- [f. 24r] ---
[...k] dening pangeran | wus katur tingkah polahe | pangran kalulun wangsul | sakancane mring Turèn malih | kang pangajêng alêmpak | trêp lama nèng ngriku | ing Walèri kang kocapa | arsa majêng wus matêng rêmbag Kumpêni | lan kang mêdal Bahrawa ||
12. sing Wêlèri daut wong Kumpêni | sampun prapta mondhok Pangungakan | enjingipun budhal kabèh | sawadyanya sadarum | jawi rangkah sampun aradin | nulya lajêng lampahnya | anulya pinêthuk | tan adangu dènnya aprang | pangran mundur wong Kêdhu sakawon jurit | bubar tan kêna ngêtap ||
13. kang agêng nora arêmbag pikir | praptèng Kêdhu Pangran Diwijaya | wus lajêng pangran lampahe | Bandhongan sampun rawuh | pangran kèndêl sampun anunggil | barise Măndaraka | lawan Singaranu | dening Radèn Mangkupraja | Wiradigda kèndêl wontên dhusun Pêtir | myang Sumbêr Wiradigda ||
14. mondhok Turèn kang wadya Kumpêni | kawan dina ngradin jaban rangkah | wus guyub budhal enjinge | amondhok ing Lowungu | wadya Kêdhu nora ngawaki | enjing Kumpêni budhal | Wanagiri rawuh | kalih dina injing budhal | ing Lêmpuyang salatri enjing lumaris | wong Kêdhu mapag aprang ||
15. tan abère pangajêng ajurit | tan adangu wong Kêdhu wus kalah | Kumpêni lajêng lampahe | mondhok Muntung rong dalu | nulya mondhok Nglarangan lami | angantosi rencanya[68] |
--- [f. 24v] ---
Kumpêni kang mêtu | Bahrawa lawan angrata | Kêdhu kabèh siring kilèn baris lami | enjinge nulya budhal ||
16. mondhok Bojanêgara gih lami | Kêdhu têngahan rinadin ika | nging tan kêna sadinane | wong Kumpêni riniwuk | Radyan Mangunkusuma uni | lawan Mangkudipura | ngalih barisipun | Kumpêni nèng Waladana | dipun riwuk ing rintên tinukup wêngi | ing Dyan Mangunkusuma ||
17. wong Kumpêni kang mêdal Bahrawi | sampun budhal lan Ki Mangkuyuda | Ki Jawikrama rowange | pinapag yudanipun | dening ingkang baris ing Pingit | wau Jagaulatan | Wiradigda tulung | sangking Sumbêr campuh aprang | lakung[69] rame ing Wawar dènira jurit | kundur Ki Wiradigda ||
16. Durma
1. darmanira kang lumayu gêgancangan | binrêrêg ing Kumpêni | lan Ki Wiradigda | lumayu mêdal Bakal | arsa lajêng mring Mêtawis | atur uninga | Kumpêni kang winarni ||
2. sampun mênang aprang lajêng lampahira | norana kang ngadhangi | kang nèng Waladana | pan sampun kawan dina | enjinge budhal tumuli | sarêng praptanya | ing Tigawanu sami ||
3. anyarêngi Kumpêni sangking Bahrawa | sampun akumpul sami | nulya rêrêmbagan | angalari kang papan | nulya ngalih êlèrnèki | Nglekong arannya | sampun trêp tata baris ||
4. sabên enjing anglarag nêlukkên jalma | Payaman kidulnèki | luwah ing Manggora [Manggo...]
--- [f. 25r] ---
[...ra] | miwah luwah Parakan | mantri têluk kathah prapti | Kumpêni samya | nuntên majêng kang baris ||
5. Wanadadi gènnya baris pinggir Praga | ngalèh sing Wanadadi | baris ing Payaman | ing Kêdhu sampun rata | rêrangkah arakit biting | ingkang nèng Yugya | gupênur sampun lami ||
6. rêrêmbagan lan Pangeran Adipatya | Sêcaningrat dèn tari | mrih sirnaning mêngsah | kadipundi ing karsa | pan manira karsa mulih | marang Sêmarang | ngong tilar wong Kumpêni ||
7. lan bupati têtiga miwah andika | pangran ingkang nindhihi | mapan sampun rêmbag | pikir gupênur arsa | mantuk dhatêng ing Sêmawis | ingkang kocapa | Pangran Purbaya lami ||
8. nèng Wêlaran sakawonira ayuda | lawan wadya Kumpêni | kèsisan ing bala | wus amirsa kang putra | nèng Mêtaram karsa nunggil | rêmbag sadaya | sakarine wadyèki ||
9. sigra budhal lumampah ngetan pangeran | arsa dhatêng Mêtawis | kocapa kang ngêpang | Pangran Mangkunêgara | kidul Ngyogya dèn barisi | Ki Jayaningrat | baris wontên Kêmiri ||
10. lêt sapasar Pangeran Purbaya prapta | wadyanira akêdhik | myang kang rayi Pangran | Mangkukusuma samya | jujug Janingrat Dipati | lagya alênggah | gupênur bubar mulih ||
11. mêdal Kêdhu Kumpêni ingkang dèn tilar | Mayor Pèngbêr lan malih | Isting Molèr rannya | lan Kumpêni sadaya | dening ta Bupati Jawi | Ki Wiradigda | kalawan Rajaniti ||
--- [f. 25v] ---
12. atanapi wau Ki Surajênggala | lan pangeran dipati | aran Sêcaningrat | minăngka senapatya | pasisir binêkta mulih | kagyat tumingal | kang baris ing Kêmiri ||
13. kagegeran dening baris Ngyogya mêdal | adangdan ki dipati | sawadya sadaya | miwah Pangran Purbaya | Pangran Mangkukusuma di | samya adangdan | ajaga samya baris ||
14. dipun nyana Kumpêni saking anglarag | prasamya ngati-ati | pan sampun utusan | dhatêng Mangkunêgaran | pangeran dangdan sira glis | arsa nusula | Kumpêni kang lumaris ||
15. pan atata lakune lajêng kewala | pangeran sampun prapti | kumpul lan Janingrat | tanapi ingkang paman | kang lumampah sampun têbih | pangran rêmbagan | Ngyogya dèn kalèncèri ||
16. ingubêngan kang nèng jro biting tan mêdal | lajêng dèn parêpêki | nging dhêdhêp kewala | samya mulih kang ngêpang | Gupênur Payaman prapti | pêpêk sadaya | Kumpêni lan wong Jawi ||
17. Mayor Hop kang nindhihi Bupati Jawa | Dèn Janingrat Dipati | senapatinira | jajar Ki Cakrajaya | Jayèngrana lawan malih | Dèn Suralaya | lan Răngga Lèpèntangi ||
18. Bupati Surakarta Ki Mangkuyuda | lawan Ki Jawikrami | akumpul sadaya | gupênur rêrêmbagan | Kumpêni samya dèn tari | lawan bupatya | Surakarta pasisir ||
19. mapan sami ature dados kang
--- [f. 26r] ---
rêmbag | upênur bubar aglis | Ki Kêndhal tinilar | dening pasisir wetan | sadaya binêkta mulih | Kudus tinilar | rêrêmbagan kang kari ||
20. arsa bantu mring Yogya Kumpêni budhal | wong Kudus atut wuri | Ki Kêndhal tut wuntat | lan Radèn Suralaya | Jayèngrana nora kari | Yugya wus prapta | pan ganti tigang latri ||
21. Kumpêni anglarag wong Jawa tut wuntat | ingkang kantun sapalih | kang nglarag katingal | pangran dangdan amapag | tanapi wadya Mêtawis | dangdan sadaya | nulya pinêthuk jurit ||
22. salèr Pakandhangan pangran dènnya aprang | wadyabala Mêtawis | sangking kidul mêdal | gumrudug kang sênjata | wadya Mêtaram kalindhih | nêmpuh pangeran | sawadya sangking wuri ||
23. tinolèh rame kang yuda long-linongan | pangeran wus kalindhih | wong Mataram nrajang | nêmpuh mêngsah kèh pêjah | wong Jawa golongan sami | ngungsi Wêlănda | campuh lan wong Matawis ||
24. sakêlangkung rame sami long-linongan | katitih wong Mêtawis | pangeran narajang | nungkêbi sangking wuntat | arame wau kang jurit | pangran kuciwa | mêngsah gêgêr kang baris ||
25. nulya mundur Kumpêni pan dèn tut wuntat | binêdhilan tut wingking | dhatêng ing Maguwa | anulya pangran nulak | dhatêng pasanggrahan malih | nora antara | Kumpêni
--- [f. 26v] ---
dhatêng malih ||
26. wus pinêthuk langkung rame kang ayuda | kasaput dening wêngi | sapih kang ayuda | enjinge campuh kang prang | inggih rame kang ajurit | êlong-linongan | mêngsah kathah kang mati ||
27. sabên prang sapih wêngi tanna kuciwa | samya sudirèng jurit | pangeran winarna | wus ngalih pamondhokan | sawetan Sumbêr ing nguni | wêstaning desa | Jaragung dèn pondhoki ||
28. wong Mêtawis mondhok wontên Madegănda | lami antaranèki | mêngsah nora mêdal | pangran budhal mangetan | desa Ngrawu dèn pondhoki | anuntên budhal | Samakaton wus prapti ||
29. masanggrahan animbali Ki Janingrat | tan dangu nulya prapti | lan sakancanira | rêmbag prakawis yuda | wus rêmbag tinundhung mulih | Ki Jayaningrat | Madegănda wus prapti ||
30. enjingipun wus ngalih amasanggrahan | Pangran Mangkunêgari | Sumampir pondhoknya | ngêpang sawadyanira | sami rèrèn kang ajurit | yèn mêngsah mêdal | wong anom anadhahi ||
17. Sinom
1. Kumpêni damêl pangarsa | wus mêdal jawining biting | pangran mirsa wus siyaga | dèn nyana mungsuh nêkani | laju mêngsah wus prapti | Prambanan barisanipun | sampun gawe bitingan | ing Kêdhu ingkang winarni | wong Kumpêni sadina-dina anglarag ||
2. ngilèn ngidul ngetan samya | tinadhahan ing ajurit | agantos kuciwèng yuda | Singaranu kang abaris | Têrasan ênggonnèki |
--- [f. 27r] ---
lan Măndaraka puniku | Natawirya nèng Sampang | Sumayuda rewangnèki | animbangi Singaranu Măndaraka ||
3. angêpang baris Wêlănda | singa awrat dèn tulungi | andhêlik Ki Wiraguna | ing Pikatan ênggonnèki | pangeran pacak baris | ing Bangsri nora akumpul | lan Radèn Mangkupraja | sangêt datan rêmbag galih | Radèn Mangkupraja pacak baris Juma ||
4. Mangunkusuma kalawan | Jagaulatan angnunggil[70] | lawan Radèn Mangkupraja | erah-eroh wong kang alit | Kêdhu kathah gagêring | jalma lit buh polahipun | tanbuh kang dèn turuta | kang agê[71] tan rêmbag pikir | yèn linarag kapiran tan ana tadhah ||
5. lare alit binoyongan | kang sêpuh kacandhak mati | tan kawawa nanggênana | sabên dina dèn laragi | darbèk rinayah ênting | ingobongan wismanipun | wong Kêdhu nora tahan | mapan padha sirah kalih | sampun risak ngalor ngidul olèh ala ||
6. datan antara sêmana | gupênur dutane prapti | angundang para bupatya | pasisir lawan Kumpêni | kang agêng kinèn mulih | kang alit kantun sadarum | kang baris ing Ngayogya | dan budhal lan wong pasisir | lan bupati pasisir kang nèng Payaman ||
7. panggih Kumpêni Payaman | takèn-tinakenan sami | dangune wong agupita | na wong Kumpêni sawiji | lan Dhaèng kang satunggil | Kêndhal lancang dènnya muwus | basane cacah-cucah | nora amawi pakering | lawan Dhaèng Wêlănda sawiyah-wiyah [sawiyah-...]
--- [f. 27v] ---
[...wiyah] ||
8. mring Jêng Susunan Mêtaram | tanapi têdhak Mêtawis | atutur sapolahira | wêwicarane nyênyampahi |[72] Wêlănda ingkang angling | wong Jawa pêkaranipun | abangêt wêdinira | mring têdhak Kyagêng Mêtawis | Dhaèng ngucap tuwan ginawe alingan ||
9. ingkang wêdi wiyahèna | tuwan kula ingkang wani | pan padha têdhaking nata | inggih kapanggih ing pundi | tinandhinga ajurit | ya ijèna ngabên batur | tan wontên mangkanaa | manungsa ingkang malati | Kêndhal ngucap gih kariyin kula mirsa ||
10. ing mangke pan sampun camah | kang têdhak Kyagêng Mêtawis | botên wontên kang digdaya | papak kadya awak mami | pajimatan Magiri | botên wontên walatipun | wong munggah sabên dina | canela manira têksih | tan bayani durmane ingkang tan sura ||
18. Durma
1. cêpêng krêna Dèn Dipati Jayaningrat | pan mirsa lir sinêbit | sarêng amiyarsa | wicarane Ki Kêndhal | pêtêng mèh tan bisa angling | angasta sadak | runtuh nora udani ||
2. pan gumêtêr jaja brit mawinga-winga | kumêdut padoning lathi |[73] ujala lir surya | ala na bêcik ana | akèh-akèh kang ginusthi | apotang paran | mring têdhaking Mêtawis ||
3. ya ta durung wong Mêtaram palacidra | dening Jawa puniki | kagêngane dhawak | tan ngêmpèk ingkang ngucap | apês karsaning Ywang Widi | aja angundhat [angundha...]
--- [f. 28r] ---
[...t] | undhat kang dhingin-dhingin ||
4. apa ala wong pasisir luhurira | ya ginawe bupati | dening luhur ingwang | saturun-turunira | durung si ngukul-ungkuli[74] | mring luhur ingwang | nadyan mangke puniki ||
5. apan sira wong Kêndhal ngaèsi karya | sok mêtua yèn angling | wong norana mamak | yèn ingong wong Mêtaram | jêr ora cidra Kumpêni | mèh abrawala | rinapu ing Kumpêni ||
6. sampun mundur Dèn Dipati Jayaningrat | sadaya sampun mulih | padha pradangdanan | Dhaèng wau punika | marêngi untunge mati | tan jamak jalma | malêkah jisimnèki ||
7. wong Wêlănda marêngi untunge pêjah | pun Kêndhal sampun mulih | anuntak ludira | gosong kuwandanira | nora antara wus mati | kang kari ngrasa | sadaya sami wiwrin ||
8. enjing bubar pasisir lawan Wêlănda | mantuk dhatêng Sêmawis | kang baris Payaman | Kumpêni maksih wêtah | wong Sala tigang bupati | Ki Mangkuyuda | lawan Jayawikrami ||
9. sangking Yugya Ki Tumênggung Wiradigda | enjing maju kang baris | biting i Cacaban | nora antara lama | Pangran Sêcaningrat uni | wus tinimbalan | mulih Surakarta di ||
10. purwane tinimbalan ing Surakarta | kinêpang dèn tukupi | de wong Sokawatya | ngrêriwuk latri siyang | kantun Yogya Rajaniti | Surajênggala | têngga baris Kumpêni ||
11. anglêrêsi sasi Siyam Pringgalaya | kesah dhatêng Bêtawi | dalêmira rusak | tinukup ingobongan | kang kocap wadya Kumpêni | anèng Cacaban | sabên [sabê...]
--- [f. 28v] ---
[...n] dina ajurit ||
12. saparane pangeran ngusir ênggènnya | pangeran angoncati | Kumpêni anulak | wangsul Bangsri pangeran | wong Kêdhu asirah kalih | pangran kumpulan | anglêmpak anèng Bangsri ||
13. tinimbalan kang para mantri sadaya | Wiraguna wus prapti | lawan Natawirya | Radyan Mangunkusuma | Jagaulatan tan kari | Tirtawijaya | myang mantri alit-alit ||
14. nanging Radèn Mangkupraja nora prapta | têksih sawala pikir | kalawan pangeran | ing Bangsri rêrêmbagan | amangan nginum salatri | pinrih ecaa | sakathah wadya mantri ||
15. kang punika karsane kangjêng pangeran | nulya ngandika aris | hèh sanak manira | têtêpa ing panggenan | kang pênêd angangkat kardi | dening manira | ngalèr ing karsa mami ||
16. sampun rêmbag enjing bubar mantuk gènnya | pangeran sampun prapti | Parakan alama | de Ki Jagaulatan | Palimbungan ênggonnèki | maksa tan rêmbag | Dèn Mangkupraja uni ||
17. mêksih wontên Juma kocapa Wêlănda | arsa anglarag uni | satus wong Wêlănda | Bugis wangsul kajaba | Ki Wiradigda tut wingking | lan Jawikrama | wus pêpak mangkata aglis |[75]|
18. anarajang barise Ki Natawirya | nuntên dipun tanglêdi | Natawirya kalah | mundur ngungsi pangeran | wadya Kumpêni angusir | sagone mêngsah | kasmaran kang abaris ||
19. Asmaradana
1. nuntên pinêthuk ing jurit | dening Ki Mangkudipura | ing Selakarung ênggone | lawan wadya [wa...]
--- [f. 29r] ---
[...dya] Diwijayan | tan dangu nuli kalah | pangeran inggih kalulun | mangalèr palajêngira ||
2. ing Ngaran kang dèn anciki | pangran naros Jagalatan | lan Natawirya tinaros | katiga Mangkudipura | saput dalu Wêlănda | Palimbungan pondhokipun | enjing angusir pangeran ||
3. pangran siluman anunggil | lawan Radèn Mangkupraja | Ardi Baita prênahe | kang dèn usir ing Wêlănda | Natawirya kalawan | Mangkudipura puniku | anulya pinêthuk aprang ||
4. wontên Pakêthêkan iki | tan adangu nuli kalah | Natawirya sabature | munggah ing Ardi Sundara | Kumpêni sampun nulak | dhatêng Palimbungan wau | satêngah sasi laminya ||
5. wong Kêdhu atêluk sami | ingkang siring lèr mèh rata | ambalik Kumpêni akèh | sigêgên ingkang kawarna | nênggih nagri Sêmarang | pasisir pêpak sadarum | tan ana sinung mantuka ||
6. abingung manah Kumpêni | i Bêtawi lagya yuda | lan botên kuciwa prange | Kumpêni akèh kang pêjah | jaba kitha ngobongan | mila pasisir tan mantuk | arsa tulung mring Jakarta ||
7. de kasaru wus sangl[76] warti | satêkane Pringgalaya | lawan upênur rowange | sarêng ngancik nagri Têgal | Bantên kapirsa kalah | winêdalan saking laut | dening kang Walănda kapal ||
8. milane têntrêm kang ati | Kumpêni kala sêmana | ingkang jinaga manahe | Radèn Dipati Janingrat | tinarka yun balika | nanging dèn samur ing wuwus | sinasaban kapênêdan ||
--- [f. 29v] ---
9. pamrihe ja nênusahi | witning ta kang dipun jaga | sakêlangkung ing rêpite | samandening kauningan | nanging radèn anêmah | nora lipur galihipun | kala wontên ing Payaman ||
10. kapalang tan antuk margi | mila sasabe kalintang | kinulan pinrih samune | karsane sampun kawêntar | kabatinan wus puwas | tan etang sakit lan lampus | pêsthi batin mring Mataram ||
11. baya wus dudumannèki | kalamun têdhak Mataram | tuhu tan cidra ujare | yèn wus lair nora cidra | ing Kêdhu kang winarna | Kumpêni Jawa sadarum | Palimbungan pondhokira ||
12. sabên dina nglarag sami | tan ana ingkang atadhah | wong Kêdhu bang êlèr kabèh | têluk Kumpêni samana | sami ngaturi sêgah | Kumpêni tan arsa mundur | yèn tan kêna jêng pangeran ||
13. saparanira dèn usir | enjing Kumpêni lumampah | abêbujung saparane | Jagalatan Natawirya | Radyan Mangunkusuma | Mangkudipura tan kantun | nuntên kapêlak ing lampah ||
14. dening lakuning Kumpêni | wontên dhusun pakrêrêngan | Gunung Sumbing ing sukune | kang lèr sami tilar kapal | kabèh minggah ing arga | pinêndhêtan kapalipun | dening Kumpêni sadaya ||
15. cacah satus kang turanggi | tumbak bêdhile kabandhang | Kumpêni nulak lampahe | dhatêng pondhok Palimbungan | kang nèng gunung kocapa | pan sami kesisan batur | kantun awake [awa...]
--- [f. 30r] ---
[...ke] piyambak ||
16. Jagalatan mudhun aglis | piyambak sangking ing arga | lajêng mangetan lampahe | pan arsa atur uninga | Dyan Pangran Diwijaya | mudhun saking Ardi Prau | lampah dalu sarencangnya ||
17. arsa nusul ingkang rayi | Kangjêng Susunan Mêtaram | mêdal ing Lètèr lampahe | nuntên anjog desa Jêthak | lajêng dhatêng ing Pajang | nunggil lan kang putra sampun | Pangeran Mangkunêgara ||
18. tan kawarna dènnya warti | kocapa Dèn Mangkupraja | wus mirsa pangran kesahe | langkung alit manahira | pan angrasa ing manah | yèn angsal dêduka ngratu | Kêdhu tan kêna kumpula ||
19. arsa silumana aglis | wus kesah sangking ing Juma | angetan ika lampahe | dhatêng Mengor kang sinêdya | kalih Ki Natawirya | Mangunkusuma akumpul | wondening Mangkudipura ||
20. wontên Paponan ing nguni | Singaranu ênggènira | Gunung Sumbing ing Kêndhite | sawarnine ingkang tisna[77] | panjênêngan nalendra | samya sênêtan sadarum | Kumpêni ingkang kocapa ||
21. wus mundur sadaya sami | sangking pondhok Palimbungan | dhatêng Cacaban lampahe | nuntên têluk Wiraguna | dhumatêng Wiradigda | wontên Garêgês gènipun | binêkta dhatêng Cacaban ||
22. punika sakêdhap radin | têtiyang Kêdhu sadaya | angidhêp Kumpêni kabèh | Kumpêni eca ing manah | dening radin sadaya | nora nana kang makewuh | tungkul eca ambil dunya ||
23. mung kang kidul dèrèng radin | ingkang makewuh ing lampah | Singaranu sabature | Wiradigda
--- [f. 30v] ---
Măndaraka | angungsi ing Mataram | pan lajêng sadya angumpul | ngungsi Kamangkunêgaran ||
24. Dèn Mangkupraja kang taksih | Kêdhu kang bang êlèr ika | nanging ta andhêlik bae | sakancanira sadaya | tan ingadhêp têtiyang | mung ngungsèkkên uripipun | wong Kêdhu sami anilar ||
25. sami ambalik Kumpêni | dening kang maksih dèn larag | Singaranu sakancane | sakuwawi tinarungan | nanging maksa tan kêlar | yèn agêng ngoncati iku | lamun alit dipun papal ||
26. pan sabên dina ajurit | sigêgên ingkang kocapa | ing Surakarta ing mangke | anging kantun jroning kitha | kidul Baki wêstanya | kilèn Garêmêt lèripun | watês Bibis ingka[78] wetan ||
27. anging kang cêlak bênawi | sadaya wus dados mêngsah | eca-eca ing manahe | Pangran Sêcaningrat prapta | pan nora tara lama | Pringgalaya sampun rawuh | saking nagri Batawiyah ||
28. wong Surakarta nging taksih | nora bisa lunga-lunga | kinêpung kubêng barise | lamun dalu tinukupan | de wadya Sokawatya | sigêgên ingkang winuwus | madumăngsa kang kocapa ||
20. Dhandhanggula
1. lima pandhita karasèng nêbi[79] |[80] bakda Siyam numpak sasi Sawal | datatitanên ing mangke | winuni jêng sinuwun | pan pinarak Têmpura lami | garjita sri nalendra | jurit manah pênuh | anênêdha ing Pangeran | kalilana amunah ingralan[81] kapir | trus tingal margèng salat ||
2. sakèh ngalim têdhak para wali | kinumpulakên kinèn nênêdha | prabu [pra...]
--- [f. 31r] ---
[...bu] lananga jurite | mangke taksih prang pupuh | Acancangan sampun alami | lakung asih ngagama | sri nalendra junun | salat tangat nora pêgat | tinarima panêdhanira Yyang Widi | nir tingal sunya sabda ||
3. trus tingal sunan kang mulya êning | sêdhêngira mèh prapta ngantara | pitulunging Ywang praptane | ngadêg jaya sang prabu | wong Kumpêni prawira gingsir | wulan wêlu purnama | sang rêtnaning prabu | manglilangi anèng wiyat | sampun sirna mahlukullah tan kaèksi | karêma fangalullah ||
4. nora liyan kang pinuji ngati | anging Pangeran Kang Maha Mulya | wus tinarima sêdyane | sinung osik sang prabu | de Pangeran Kang Maha Suci | ngadêg suraning nala | sa[82] gupita wau | nuntên Wiradigda prapta | dipun utus Pangeran Mangkunêgari | saha amawi surat ||
5. sampun tumamèng nayaka aji | Wiradigda anêmbah suku sang | kawula nuwun sang rajèng | dinuta putra prabu | ngaturakên kang sêmbah bêkti | saha para sêntana | myang bupati agung | sadaya nayakaning rat | sarta surat kang konjuk sri narapati | pinundhut wus sinukma ||
6. nulya ngandika sri narapati | hèh lah Wiradigda wus muliha | nulya jarwaa dèn age | warahên putraningsun | lamun ingong arsa nindaki | kalawan rêrêmbagan | marang putraningsun | miwah ta sakulawarga | sampun kentar sang duta tinundhung mulih | sunan nulya parentah ||
7. mring pariwara kinèn nimbali | myang bupati prajurit [pra...]
--- [f. 31v] ---
[...jurit] sadaya | wus pêpak ing ngarsa andhèr | Mas Răngga kang nèng ngayun | angandika sri narapati | hèh Răngga ingsun arsa | tindak atêtulung | Kêdhu Bagêlèn sun rata | yèn wis rata ingsun banjur mring pasisir | kulon Mas Răngga rêmbag ||
8. yèn wus rêmbag sun arsa nindaki | mring barisane Mangkunêgara | sun arsa panggih sakèhe | para bupatinisun | sanak-sanak myang putra mami | amatêngakên rêmbag | yèn gilig sadarum | rêmbage padha lan ingwang | ingsun laju sun gawa wong Sokawati | myang prajurit sadaya ||
9. ja katon kentar ingsun wayangi | siring wetan sira Janapura | mayangana sabudine | kang urut dalan iku | Si Jarata sun kon mayangi | lawan Si Brajadênta | Surawijayèku | wus rêmbag susunan budhal | bakda Sawal tanggal ping sadasa uni | Sêptu Paing dinanya |[83]|
10. daut kabèh wong ing Sokawati | kantun kang dados wayang sadaya | sunan mangidul tindake | masanggrahan sang prabu | Kawêdhusan injing lumaris | Tangkisan masanggrahan | bubar enjingipun | pangeran ingkang winarna | nèng Sêmampir kang paman para bupati | kumpul dados satunggal ||
11. wus mirsa Pangran Mangkunêgari | wartanira yun rawuh kang rama | wus awêning pawartane | adan pangran agupuh | Ki Janingrat dipun timbali | lan sagunging bupatya | kang paman wus rawuh | Pangeran Adiwijaya | akalihan Pangeran Purbaya
--- [f. 32r] ---
prapti | Pangran Mangkukusuma ||
12. kang rinêmbag pasanggrahan aji | kang kinèn dandan Ki Jayaningrat | wus dadi pasanggrahane | dyan samya dandan mêthuk | jêng susunan ingkang winuni | tindak dalêm wus nyabrang | Lèpèn Majastèku | kang putra amêthuk samya | lan kang paman Pangran Adiwijayèki | myang Pangran Purubaya ||
13. Pangran Mangkukusuma pratuwin | para bupati wadya sadaya | Pajang Mataram Bagêlèn | Kêdhu pêpak sadarum | ingkang samya kalindhih jurit | asaos pasanggrahan | ing Balak wus rawuh | makuwon wadya atata | ngarah kewuh tan kêna luwih ing jalmi | siyang dalu rêmbagan ||
14. jêng susunan lan Pangran Dipati | Mangkunêgara para bupatya | samya apêpakan kabèh | risêdhêng anèng ngayun | Pangran Mangkunêgara tuwin | pra sêntana bupatya | prajurit mantri gung | angandika jêng susunan | lakuningsun atêtuwi kaki mantri | polahira andon prang ||
15. ingkang putra matur awotsari | susunan saking tiwas kawula | datan wontên wêkasane | tantuk don dasih prabu | sawingkinge paduka aji | wadya tantuk pasaban | karêbat ing mungsuh | nging kantun Pajang Mêtaram | ingkang kenging ingabêtakên ing jurit | liya punika tiwas ||
16. putraningsun mungsuh ana ngêndi | pangajêngipun wontên Prambanan | kang agêng Yogya barise | Parambanan kang ngriwuk | Wiranata Kartanêgari | lan Sura Mangunjaya | yèn tiwas ba[84] tulung | kang kula têdah
--- [f. 32v] ---
ing Yogya | angriwuka Janingrat Jayanêgari | katiga Janapura ||
17. ingkang awrat amba anulungi | iku luwih bêcik putraningwang | angandika malih rajèng | kangmas Diwijayèku | kadipundi anusung warti | tingkah dika andon prang | ajarwaa musuh | kangmas wontên pundi gènnya | Pangran Adiwijaya matur ing aji | pacak baris Cacaban ||
18. mila kula nusul sunan saking | tiwas kula kinèn atêtêngga | nagri dalêm Kêdhu rajèng | datan ajrih ing mungsuh | datan sagêd kula ngayumi | wontên kang cidra manah | awon bêktinipun | di dalêm Kêdhu punika | yèn kula wèt nèng Kêdhu rencang mêjahi | kathah-kathah tur kula ||
19. măngsa boronga prabu linuwih | mapan aloma tingal bathara | kang sêtya cidra wruh kabèh | kang awon kula prabu | Wiradigda umatur ngaji | inggih kadya mêngkana | wis aja winuwus | dhi Purbaya ajarwaa | apa kaya kakangmas lakumu yayi | nuwun sunan tan beda ||
20. sangking won kula tan klar nadhahi | mêngsah Kumpêni lakung akathah | susunan pangandikane | sun mirsa kewran langkung | ingkang putra dipun kiliri | putrèngsun ki dipatya | kadang ngong sadarum | tanapi para bupatya | kang kalakon aja na dera rasani | sun jaluk rêmbagira ||
21. ingkang kari pinikir kang bêcik | ingkang prayogya samya linakyan | dangu nora nana ture | ajrih ngruwuni wuwus | nglangkungana pangandika ji | dangu norana turnya | sang
--- [f. 33r] ---
gupita wau | Pangeran Mangkunêgara | amarêngi nêmbah matur ing narpati | sumăngga karsa nata ||
22. inggih pun dasih darmi nglampahi | sapakèn-pakèn panduka nata | pangraos kawula rajèng | sakathah-kathahipun | abdi dalêm botên nyampuni | tan lyan sri naradipa | kang radin sadarum | Kêdhu Bagêlèn lan Pajang | ing Matawis sri nalendra sampun uning | ing wuwus kang mêngkana ||
23. iya sun walêse basa manis | putraningsun Ki Mangkunêgara | panjênênganingsun rajèng | mêngko dalasan besuk | bisa apa sun wong sawiji | kang sun andêlkên sira | lan pamanirèku | tanapi para bupatya | wadya kabèh iku ingkang junjung mami | yèn kasor yudanira ||
24. duwèk ingsun kaki mung angili | yèn wus kalindhih wadya sadaya | sun puwung wus bêgjaningong | dadya ji tansah ingsun | angrêrujit tyasira sami | agawe kasusahan | prasamya tumungkul | ngandika malih susunan | nanging dana dayaningsun kaki mantri | yèn sêmbada sadaya ||
25. lamun prayoga dipun lakoni | manawi sisip ja ingèsêman | lagya pêpikiran bae | mangkene karsaningsun | andumpara yèn amarêngi | ingsun arsa ngancika | Bagêlèn Kadhu[85] |[86] iku yèn linilan ing Ywang | lamun rata Kêdhu Bagêlèn ku benjing | laku ngong lantas pisan ||
26. ing pasisir kulon sun anciki | pamrih ingsun Kumpêni nolèha | Kêdhu Pagêlèn [Pa...]
--- [f. 33v] ---
[...gêlèn] barise | tanapi mêngsah iku | kang nèng Yogya tan enak baris | yèn wong pasisir rusak | kang dèn rêksa iku | alah pinêrangan dhadha | yèn kaparêng undure tan lawan jurit | yèn wus kumpul Sêmarang ||
27. nora akèh kang dera rawati | mungsuh akumpul dadi sajuga | yèn ta wus kandêl alane | wong pasisir kang têluk | ingsun tinggal sun kon nindhahi[87] | bupati kang prayoga | jênêngana iku | sun ngetan ngumpulkên wadya | ing pasisir tuwin wong măncanêgari | yèn lajêr dadi tunggal ||
28. katut kewala kang akèh sami | lamun linilan sarta tuk barkat | eyang-eyang wêkasane | ing Sêmarang kakêpung | wong sun alit enak kang ati | ajêmbar tingal ingwang | dening yèn tan kontung | gon ingsun rêbat nêgara | tan gumingsir yèn dadia karsa mami | mungsuh tan lunga-lunga ||
29. ing têmah susah wadya Kumpêni | iku yèn padha rêmbug sadaya | kadang ngong bupati kabèh | tanapi putraningsun | Ki Dipati Mangkunêgari | sadaya awotsêkar | langkung rêmbagipun | pangeran matur wotsêkar | mrayogèni karsa ji di dalêm sami | kados karsa nalendra ||
30. yèn sira rêmbug sun gawe dadi | nanging panjaluk ingsun mring sira | tanapi kadang ngong kabèh | pra bupati sadarum | atanapi wadya sun sami | aja na ingkang siwah | yèn tan bênêr ingsun | padha
--- [f. 34r] ---
samêngko matura | aja nutuh tiwase ing laku mami | tiwas untung wong kathah ||
31. ja ngèsêmi besuk tiwas mami | sadaya wotsêkar botên măntra | lir pangandika sang rajèng | pangran matur wotsantun | punapa ba dhèrèk sang aji | ora kaki karia | tunggua putrèngsun | nagara Pajang Matam[88] |[89] lan Si Besan sakancane iku sami | pucung padha dumpara ||
21. Pucung[90]
1. lan sakèhe wadya Mêtar[91] sadarum |[92] lan sakèh wong Pajang | rinira dipati anom | ingsun tinggal ki putra nagri Mataram ||
2. putraningsun ingong pitaya kalangkung | bodho apa sira | tanapi Si Besan mangke | sun pitaya aninggal ing anak ingwang ||
3. anadening laku iki kang sun jaluk | loro dadi tunggal | dening kang sun gawa kabèh | pamanira kangêmas Adiwijaya ||
4. lawan pamanira dhimas Purbayèku | myang Mangkukusuma | Kartanêgara lan sakèh | prajurit jro myang pamanira Si Răngga ||
5. lan Jadirja sakancanira sadarum | lan Suryanêgara | wong Sokawati sakèhe | Wiradigda Măndaraka ya sun gawa ||
6. sira tunggu nêgara sarta angriwuk | bêgja kalah mênang | aprang babêtahan bae | ingkang putra matur nuwun awotsêkar ||
--- [f. 34v] ---
7. sampun mundur aluwaran sang aprabu | enjing sunan bubar | sumahab kang bala akèh | turăngga jrit sêlur kang wadya lumampah ||
8. kang tut pungkur Dipati Janingrat iku | lan Jayanêgara | Janapura sakancane | bubar arsa dhatêng nêgari Mataram ||
9. atut pungkur wadya Mataram sadarum | lampahe pangeran | mapan mêdal ardi mangke | sampun prapta Kanitèn amasanggrahan ||
10. enjingipun bubar tan kawarnèng ênu | Jurangjro wus prapta | masanggrahan sawadyane | nuli minggah makuwon ing Pamaliyan ||
11. kang winuwus Pangran Mangkunêgarèku | wus ngalih sêmana | dhumatêng ing Samakaton | enjing sunan bubar ngalèr tindakira ||
12. Lèpènbanon dèn pasanggrahi sang prabu | kocapa Pangeran | Mangkunêgara lampahe | prapta Lusah sigêgên makuwon lama ||
13. enjingipun linggar sunan sampun rawuh | dhusun Lèpènbendha | sampun masanggrahan rajèng | enjing bubarnya mangilèn minggah ngarga ||
14. suku gunung sunan pasanggrahanipun | aran desa Jêthak | dalu rêmbagan sang rajèng | ingkang raka Pangeran Adiwijaya ||
15. dipun tantun kinèn dadya lampah ngayun | Pangran Diwijaya | mapan sangêt pamopone | sawab dening wong Kêdhu wus sami jahat ||
16. tan kadugi anarubakên wong Kêdhuh | yèn tan sarêng nata | bupati tinaros kabèh | ingkang sami gadhahan Kêdhu sadaya [sada...]
--- [f. 35r] ---
[...ya] ||
17. aturipun sami lan pangeran wau | susunan ngandika | yèn mêngkono bocah ingong | wadya jêro wong Bugis Bali sadaya ||
18. atanapi wong Suranata sadarum | tanapi Si Răngga | lan Jadirja sakancane | wadya Sokawati myang Suryanêgara ||
19. ingsun tantun padha awani sun adu | sun dadi pangarsa | manjing ing Kêdhu karsa ngong | lamun pangguh wadya Kumpêni sadaya ||
20. aja na milu-milu lamun prang pupuh | atêrna kewala | ya wus ingsun têmah dhewe | dadi nata ina papa amêmirang ||
21. wêlas ingsun jumênêng aji apunggung | wadya guyon jalma | kang mirsa sarêng tangise | wong Kapilih Bugis Bali Suranata ||
22. myang prajurit sadaya samya turipun | Mas Răngga Jadirja | myang sarupane kancane | Sokawati lan Radèn Suryanêgara ||
23. sanggup purun nanging cabar tiwasipun | paduka susunan | ingkang nyamadi sakèhe | alah iya aja na nolèh ing wuntat ||
22. Pangkur
1. yèn ana pitulungi[93] Yyang | lamun tulus panjênêngan sun aji | nagari Kêdhu karêbut | pirabarane uga | tuk pitulung sun ganjarakên ngong êdum | sadaya hèh wadyaningwang | aja na jalma gumingsir ||
2. dulunên Ywang Maha Mulya | asung urip pêjah tan
--- [f. 35v] ---
lyan Ywang Widi | marga pêjah mapan agung | untunge mung satunggal | ya sun jaluk gawenira pajujungmu | anutupi wirang ingwang | yèn tan kaangkat saiki ||
3. tan angandêl mring jênêng wang | panjaluk sun aja na ngrasa urip | padha asraha Yyang Agung | nulya sami prasêca | ganti-ganti prajurit para tumênggung | anêlasakên supata | yèn mindra cidra ing aji ||
4. punapa winalêsêna | sih dalêm sinuhun langkung mênuhi | tan kuwawi dasih prabu | anandhanga sih tuwan | rambut ămba winicala datan sampun | yèn tan puruna palastra | dede jalma kadya anjing ||
5. patut ginawe jajalan | lir ta kadya sato kalal binukti | yèn amba cidra ing sanggup | rinujit-rujit suka | ganti-ganti prajurit samya turipun | lah uwis ingsun tarima | dèn padha eling prajangji ||
6. enjingipun sampun bubar | prapta Nglètèr masanggrahan sang jaji[94] | enjingipun Têgalwungu | salèripun Magêlang | duk sêmana wong Kumpêni mirsa tutur | dalu-dalu samya dangdan | arsa banjêla ing enjing ||
7. enjingipun sunan budhal | wong Kumpêni sing Cacaban lumaris | Wêlănda kapalan satus | Bugis Bali akathah | gangsal atus lin[95] Cina kalangkung agung | kang nindhihi Jawikrama | amor kalawan wong
--- [f. 36r] ---
Jawi ||
8. Mangkuyuda Wiradigda | sawadyane Têgalwungu wus prapti | Kamlurudan sunan laju | sinusul gêgancangan | dawêg angsal saonjotan jêng sinuhun | Kumpêni kang nusul prapta | angusir saking ing wingking ||
9. Lèpèn Murung duk kacandhak | sampun nyabrang sunan wadya tur uning | laku kasusul ing mungsuh | kèndêl sunan sawadya | kilèn kali angandika sang aprabu | kapriye bêciking lampah | kang raka matur ing aji ||
10. Pangeran Adiwijaya | kula turi sunan tindak tumuli | tanggêl salah kardi prabu | dede sinêdya manah | awêkasan risak ngriki abdi prabu | tan dhatêng sêdya ing manah | kangmas kasêsa mênawi ||
11. botên kula turi inggal | nuntên Răngga prapta ngaturi uning | sunan wus cêlak kang mungsuh | priye karêpmu Răngga | de kangmas Diwijaya ngaturi laju | Mas Răngga ature sugal | kula sunan tan suwawi ||
12. kang mêngsah sampun katingal | gèn ngunduri susunan kadipundi | asal[96] mungkur mêngsah nêmpuh | atêmah karisakan | samya pêjah aluwung pêjah prang pupuh | bok sampun sunan akesah | sing Sokawati tanpasil ||
13. sêdya amurugi mêngsah | wus kapangguh mangke dipun singgahi | yèn ajrih kalawan mungsuh | ing sabobot kawula | luwung sampun kesah-kesah sang aprabu | yèn
--- [f. 36v] ---
paduka arsa linggar | kawula botên tut wingking ||
14. yèn mangkono hèh ya Răngga | karêpira ingsun iya belani | lah tatanên wadyaningsun | anulya samya tata | sunan angandika bocah jro sadarum | sawêwaninira dhawak | aja laywan karsa mami ||
15. wani ora sun tut wuntat | samya andik sadaya ngunus kêris | ewona lêksana mungsuh | tan gumingsir ing pêjah | gumarumung prajurit samya turipun | anganyut urip sadaya | aturira sampun gilig ||
16. lah uwis padha majua | Suranata ngarsa jajar Saragni | Kapilih nèng ngarsa prabu | santana anèng kanan | nitih kapal Mas Răngga nèng kèrinipun | sakănca prasamya dharat | tan sêdya mundur ngajurit ||
17. nulya majêng wus katingal | mêngsah prapta sumahab wong Kumpêni | samya kapalan sadarum | Jawa igih kapalan | kang sapalih ingkang dharat Bugis Wangsul | atanapi jalma Cina | mêdal lèr ingkang nindhihi ||
18. Ki Tumênggung Jawikrama | abdi dalêm sadaya sarêng uning | bubrah tata sarêng maju | ngrêbat lèpèn papannya | wus miranti Saragni Suryanatèku | Kumpêni wong tate mênang | wantêr galak dulu amrih ||
19. kang katingal nging susunan | kang nèng lèpèn nora dipun kawruhi | lampahe nandêr sadarum | lir dênawa tan mulat | kanan kering tan wangwang nulya
--- [f. 37r] ---
acampuh | sinăngga sangking ing ngandhap | kagêk[97] tembak wetan kali ||
20. gumrêdêg êdrèl Wêlănda | tan pakolèh bêdhile wong Kumpêni | Mas Răngga Jadirja campuh | nèng lèr rame ayuda | mêngsah Cina lan Bugis ingamuk larut | di dalêm nulya amangsah | magang Suranata siji ||
21. ingkang aran Jayèngrana | lawan Khaji Tapsirodin kang nami | Wêlănda dahat tan wêruh | eca abêbêdhilan | duk cinarok tinumbak Wêlănda lampus | tinumbak malih wus pêjah | kaêlud ingamuk wani ||
22. nolèh Wêlănda lumalya | kang nèng lèpèn minggah samya balêdig | samya cêluk gumarumung | anjaluk jaranira | samya nunggang Kapilih kabèh amburu | anungkêbi Ki Mas Răngga | mêngsah dharat akèh mati ||
23. sêntana kang anèng kanan | nora obah wontên kilèning kali | tan tumut nyabrang sadarum | mêngsah kang pêjah marga | sagèn-gène kang gêsang anusup-nusup | dipun cêkêli sadaya | kang kapalan nora nolih ||
24. kang dharat rinajah kuda | kathah pêjah akêdhik ingkang urip | Kumpêni gêndring lumayu | akèh kacandhak gêsang | manjing biting gègère kaya pinusus | kang buru cêlak bitingan | tinimbalan mundur sami ||
25. kèndêl wontên Pêkên Sêcang | mêngsah kacêkêl samya kinèn [kinè...]
--- [f. 37v] ---
[...n] mêjahi |[98] jêng sunan mundur wus laju | masanggrahan Kowangan | nuntên prapta Dèn Mangkupraja agupuh | sarêng Dèn Mangunkusuma | wus sami sowan mring aji ||
26. langkung jrih dhatêng susunan | tiwasira ngrêksa Kêdhu nêgari | lan kagêpok rasa agung | wus ngraos yèn kadukan | ingkang dados gendholan nging putraningsun | binêkta kangjêng susunan | warnanên wau kang prapti ||
27. kraman sing Dèn Makupraja[99] | ngakên kadangira Pangeran Wijil | nama Pangran Adilangu | katur nulya ngandikan | ingabdèkkên karaman sarewangipun | sadosane dèn apura | nulya budhal sri bupati ||
28. masanggrahan Margawatya | ingkang wetan praptane Tuwan Sayid | mukmin tiga sarêngipun | sapasar nulya pindhah | Margawatya kang kilèn wong Kêdhu Tarub | kasiku Dyan Makupraja | dhatêng untung sampun lalis ||
29. di dalêm Kêdhu sadaya | Pangran Diwijaya kang dèn gadhahi | risêdhêng sunan arêmbug | lan sakathah bupatya | Pangran Adiwijaya tinari prabu | kangmas kadipundi rêmbag | yèn suwawi lan narpati ||
30. ginitik baris Cacaban | sampun tanggêl ing lampah sang narpati | rinêbat nagari Kêdhu | kangmas kula tan rêmbag | panggih wingking kadamêl gampil pun Kêdhu | kang tipis dawêg trinrajang[100] | rèh dening rencang akêdhik ||
31. lamun tuk pitulunging Ywang | pados rencang rumiyin yèn suwawi | batur lamun padha rêmbug [rêmbu...]
--- [f. 38r] ---
[...g] | ing Bagêlèn jinogan | sêdhêng antuk wêwah batur karsaningsun | bupati samya arêmbaga |[101] anut sabda sang narpati ||
32. Kêdhu Lèr mapan wus rata | ing Bagêlèn ingkang dèrèng aradin | Pangran Diwijaya rêmbug | lumiring karsa nata | sunan minta abdi kardarbe ing Kêdhu | Măndaraka Wiradigda | Singaranu lawan malih ||
33. Rahadèn Mangunkusuma | Jagalatan lan Sindusastra kari | samya tinagênah[102] pukur[103] | Pangran Adiwijaya | dhèrèk sunan Mas Răngga Jadirja tumut | tuwin Pangran Purubaya | miwah Dyan Suryanêgari ||
34. myang Pangran Mangkukusuma | Kartanêgara Ngrema tan akari | tan lama antaranipun | adawa yèn winarna | sunan budhal sawadyabala mangidul | Bagêlèn karsa dèn rata | wong Kêdhu prasamya kari ||
35. sadaya ginawe wayang | nging wong mukmin têtiga atut wingking | nugil[104] Suranata iku | sunan wus masanggrahan | Waladana enjing budhal sampun rawuh | masanggrahan ing Manggora | dyan prayayi mukmin lalis ||
36. kang aran Pangeran Murya | tan antara gara-gara gêng prapti | jawah drês kadya pinusus | păncawora gêng lawan | pêtêng dhêdhêt riris-riris awor kêtug | pratăndha jalma sinihan | kinaot samining jalmi ||
37. sasirnane gara-gara | wus kinubur nèng Manggora prayogi | enjing bubar sampun rawuh | dhusun ing Pangabeyan | masanggrahan injing sigra bala laju | mêsanggranèng ing Karasak [Kara...]
--- [f. 38v] ---
[...sak] | kêsmaran kang aningali[105] ||
23. Asmaradana
1. sunan kèndêl tan lumaris | Kumpêni ingkang kocapa | kang mêntas kawon jurite | baris Cacaban sêmana | utusan mring Sêmarang | Mayor Kalèrêk lumaku | bantu prapta ing Cacaban ||
2. wêwah gêng wadya Kumpêni | winuni kangjêng susunan | kèndêl tigang dalu mangke | amatêngakên kang rêmbag | Pangeran Purubaya | tansah kang tinantun-tantun | lan Pangran Mangkukusuma ||
3. ajarwaa ari mami | prakara panggenan mêngsah | miwah papan ing rakite | kang rayi matur wotsêkar | mêngsah gêng nèng Ngungaran | pangajêng nèng Salalêmbu[106] | wontên malih Gowong gènnya ||
4. Sêmpuran panggenannèki | wus katur pasang rakitnya | yèn mêngkono ariningong | pasang rakit jarwanira | sira lan arinira | anjoga ing Watulêmbu | iku sira jaganana ||
5. ja ngadhangi laku mami | ing Selalêmbu nolèha | ngarêpna sira karsa ngong | laku loro dadi tunggal | singa ingkang bêgjaa | ngong anjog Gowong rèningsun[107] | êndi awrat tinulungan ||
6. kang rayi kalih wotsari | sandika dados kang rêmbag | Pangran Purbaya enjinge | Pangeran Mangkukusuma | budhal ngidul sawadya | kang winuni jêng sinuwun | arsa tindaka piyambak ||
7. dhatêng Gowong karsa aji | nuntên matur Ki Mas Răngga | sangêt nuwun duka katong | yèn panduka atindaka | dhatêng Gowong piyambak [piyamba...]
--- [f. 39r] ---
[...k] | tanggêl lampah jêng sinuhun | suwawi sunan kèndêla ||
8. kula piyambak lumaris | kalawan pun Jayadirja | wadya Sokawati kabèh | nging wadya lêbêt ba têdha | Saragni sakanya |[108] sanadyan tindaka prabu | lamun wus mêsthi kang mêngsah ||
9. kang nèng Gowong gêng lan alit | nanging pangraos kawula | botên ngantos dados gawe | yèn kadosa kang pawarta | dening kêdhik kang mêngsah | botên kantos sah sang prabu | dadosa lampah patikbra ||
10. alah dika kadipundi | sakathah priyayi kănca | igih lêrês dika mangke | iya sun turuti sira | Răngga padha mangkata | nulya nêmbah samya mundur | Răngga lawan Jayadirja ||
11. Wirasastra atut wuri | kalawan Ki Wiradika | wus binêkta sakancane | Brajamusthi atut wuntat | Mas Răngga sampun mangkat | jêng sinuwun ingkang kantun | ing galih sangêt tan eca ||
12. nalendra murcita galih | sangêt sun datan ecaa | wadya sangêt takabure | nulya nantun ingkang raka | kangmas kadi punapa | kula sangêt watir kalbu | ing lakunira pun Răngga ||
13. langkung sangêt riya kibir | manawa lakune tiwas | dadya kapapas wadya ngong | suwawi nusul kakangmas | nukak[109] lampahe Răngga | sumăngga kula tut pungkur | wus rêmbag têngara budhal ||
14. nusul mring Gowong sang aji | Mas Răngga sampun miyarsa | ginêlak wadya lampahe | egal[110] panggiha lan mêngsah [mêng...]
--- [f. 39v] ---
[...sah] | kang baris kawarnaa | Răngga tan kawêrna ngênu | jajahan Gawong[111] wus prapta ||
15. ing Ngalihan arannèki | nuntên kapêthuk ing mêngsah | kang baris Sêmpuran mangke | inggih botên kantos pêrang | mundur Kumpêni mapan | margi sungil ênggènipun | kang marga dados satunggal ||
16. tan ana dêdalan malih | kiwa têngênipun arga | Pawuluan ran desane | Kumpêni kêdhik amapan | nging salawe kathahnya | sèkêt wadya Bugis Wangsul | wong Jawi nora kawilang ||
17. langkung èwêd papannèki | wong satus lamun nêmpuha | kang pêrang anging sawiyos | apan campuh kang ayuda | sumahab wadyabala | tan olèh papan anêmpuh | nunjang tan sêdya mundura ||
1 | winursita (dan di tempat lain). (kembali) |
2 | Dhandhanggula. (kembali) |
3 | ngêkês. (kembali) |
4 | nyirnakkên (dan di tempat lain). (kembali) |
5 | putraningsun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
6 | ăndhamoi. (kembali) |
7 | adon (dan di tempat lain). (kembali) |
8 | wasana (dan di tempat lain). (kembali) |
9 | panjunjungira (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
10 | awon. (kembali) |
11 | kintèki. (kembali) |
12 | enjing (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: Tumênggung Jayanêgara. (kembali) |
14 | ingkang (dan di tempat lain). (kembali) |
15 | lèpèn. (kembali) |
16 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | nèng. (kembali) |
18 | ungkih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
19 | jêngandika. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: mriyêm lajêng diaturna. (kembali) |
21 | kantos (dan di tempat lain). (kembali) |
22 | sênapan. (kembali) |
23 | Teks asli: kakatadhahan. Meskipun tidak selalu, ketika pindah ke halaman baru, penulis sering mengulangi suku kata terakhir dari halaman sebelumnya di halaman baru berikutnya. Misalnya, untuk kata "kakatadhahan", terdapat suku kata "ka" di akhir halaman f. 12r dan di awal halaman f. 12v. Duplikasi huruf seperti ini tidak ditranskripsi jika menyebabkan kelebihan suku kata dalam hitungan guru wilangan. (kembali) |
24 | anyolong. (kembali) |
25 | bêktinipun (dan di tempat lain). (kembali) |
26 | bilih (dan di tempat lain). (kembali) |
27 | Biasanya guru lagu a: mêngsah wus alit kang manh. (kembali) |
28 | gupênur (dan di tempat lain). (kembali) |
29 | nunggang (dan di tempat lain). (kembali) |
30 | cilik (dan di tempat lain). (kembali) |
31 | rowange. (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata: mila datan kari ing lampahe. (kembali) |
33 | Biasanya guru lagu o: mangko. (kembali) |
34 | Lebih satu suku kata: sakathahe pra bupati. (kembali) |
35 | inggih (dan di tempat lain). (kembali) |
36 | golong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: inggih antêping yuda. (kembali) |
38 | Ditulis huruf ya setelah gatra ini. (kembali) |
39 | kangjênge (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
40 | lan. (kembali) |
41 | pêjah. (kembali) |
42 | Mangkunêgari (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
43 | myang. (kembali) |
44 | dinèkèk. (kembali) |
45 | tiktak. (kembali) |
46 | Kurang satu suku kata: prang samarga pangarsa Mataram. (kembali) |
47 | sawadyanirèki. (kembali) |
48 | Biasanya guru lagu e(o): barise. (kembali) |
49 | panggenanamu (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
50 | pulih. (kembali) |
51 | obongi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
52 | angungsi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
53 | kang (dan di tempat lain). (kembali) |
54 | amba. (kembali) |
55 | kur-ungkuran. (kembali) |
56 | Tanggal: Siyam (Pasa) Alip: pêndhawa pandhita obahing bumi (AJ 1675). Bulan Pasa tahun AJ 1675 jatuh antara tanggal Masehi: 4 Agustus 1750 sampai dengan 2 September 1750. (kembali) |
57 | ênggon (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
58 | Lebih satu suku kata: Jagaulatan wau kang nindhihi. (kembali) |
59 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata: nuntên pangran utusan mring Kêndhal glis. (kembali) |
61 | Kurang satu suku kata: duta mulih kang winuwus. (kembali) |
62 | ngabdèkkên (dan di tempat lain). (kembali) |
63 | sinrêngênan. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: de tumênggung cinacad kêndho kardi. (kembali) |
65 | mudhun (dan di tempat lain). (kembali) |
66 | kalojok. (kembali) |
67 | inginggahakên. (kembali) |
68 | rencangnya. (kembali) |
69 | langkung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
70 | anunggil. (kembali) |
71 | agêng. (kembali) |
72 | Lebih satu suku kata: wicarane nyênyampahi. (kembali) |
73 | Lebih satu suku kata: kêdut padoning lathi. (kembali) |
74 | ngungkul-ungkuli. (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata: wus pêpak mangkat aglis. (kembali) |
76 | sal. (kembali) |
77 | trisna (dan di tempat lain). (kembali) |
78 | ingkang. (kembali) |
79 | nabi. (kembali) |
80 | Tanggal: Sawal: lima pandhita karasèng nêbi [nabi] (AJ 1675). Bulan Sawal tahun AJ 1675 jatuh antara tanggal Masehi: 3 September 1750 sampai dengan 1 Oktober 1750. (kembali) |
81 | ingaran. (kembali) |
82 | sang (dan di tempat lain). (kembali) |
83 | Tanggal: Sêptu (Sêtu) Paing 10 Sawal: [AJ 1675].Tanggal Masehi: Sabtu 12 September 1750. Seharusnya Sêtu Kliwon dan bukan Sêtu Paing. (kembali) |
84 | mba. (kembali) |
85 | Kêdhu. (kembali) |
86 | Kurang satu suku kata: Bagêlèn lan Kêdhu. (kembali) |
87 | nindhihi. (kembali) |
88 | Mataram (dan di tempat lain). (kembali) |
89 | Kurang satu suku kata: nagara Pajang Mataram. (kembali) |
90 | Pada pupuh Pucung ini terdapat variasi guru lagu untuk gatra ke-3 (lihat juga: pupuh 29 di bawah). Pada gatra ke-3 terdapat guru lagu e dan o, dan tidak ada guru lagu i yang sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan kaki. (kembali) |
91 | Mêtaram. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: lan sakèhe wadya Mêtaram sadarum. (kembali) |
93 | pitulunging. (kembali) |
94 | aji. (kembali) |
95 | lan. (kembali) |
96 | angsal (dan di tempat lain). (kembali) |
97 | kanggêk (dan di tempat lain). (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata: mêngsah kacêkêl samya kèn mêjahi. (kembali) |
99 | Mangkupraja (di tempat lain). (kembali) |
100 | tinrajang. (kembali) |
101 | Lebih satu suku kata: bupati samya arêmbag. (kembali) |
102 | tinanggênah (dan di tempat lain). (kembali) |
103 | pungkur (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
104 | nunggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
105 | Tulisan Jawa kurang tepat: wulu dan pangku. (kembali) |
106 | Selalêmbu. (kembali) |
107 | riningsun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
108 | Kurang satu suku kata: Saragni sakancanya. (kembali) |
109 | nungkak. (kembali) |
110 | enggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
111 | Gowong (dan di tempat lain). (kembali) |