Babad Sultanan, British Library (Add MS 12288), 1809–16, #1017 (Pupuh 024–047)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 39v lanjutan] ---
24. Durma
1. pan kumêrud sinapan[1] munya sauran | wadya ing Sokawati | nora olèh papan | ngamuk tan olèh lawan | langkung èwêd papannèki | sangking kèh wadya | langkung rame kang jurit ||
2. margi supit kawalahên wadyabala | tan sêdya dèn unduri | di dalêm asura | arame long-linongan | mêngsah rowang kathah mati | dangu dènnya prang | mêngsah panggah nglangkungi ||
3. silih ukih langkung rame dènnya yuda | kewran kang wadya jawi | miris manahira | margi wuh mung satunggal | sunan mirsa rame bêdhil | mapan ginêlak | lampahing wadya aji ||
4. wadya jêro lumayu arêbut ngarsa |
--- [f. 40r] ---
kang ngajêng tansah jurit | wadya jaba samya | mire kang taksih panggah | nging di dalêm Saragêni | di dalêm jaba | ngamuk-ngamuk kabalik ||
5. kang sura samya nangis tan angsal marga | nuntên wadya jro prapti | sarêng nora wangwang | anjêjêl saking wuntat | Mas Răngga lèh papan bêcik | gawe alingan | kang prang gênti kalindhih ||
6. mung Mas Răngga tan obah tinurut jalma | sadaya kathah prapti | jinêjêl ing wuntat | Kapilih Suranata | wong Jawa kalawan Bugis | Saragni nulya | mingêr ragi kapering ||
7. nèng ngiringan antuk papan sakancanya | gumêrdêg punang bêdhil | mêngsah kathah pêjah | bingung tanbuh pinirsa | kawur anjêjêl wadya ji | wong jro sadaya | anyêrod wani-wani ||
8. apan campuh acaruk kang punang yuda | mêngsah akathah mati | lumayu sasaran | binuru tinumbakan | kang kacandhak angêmasi | awor kewala | wangke tumpang atindhih ||
9. sarta udan păncawora drês kalintang | pitulunging Yyang Widi | mêngsah sarêng kalah | mapan linud ing udan | pêtêng dhêdhêt awor liris[2] | langkung limunan | prajurit kèh kang kanin ||
10. atanapi prajurit wau kang pêjah | wadya kaliru siji | murdane tinigas | dipun arani mêngsah | sangking rame dènnya jurit | amor kewala | bangke susun atindhah |[3]|
11. ngêsuk bitingira
--- [f. 40v] ---
wus lajêng susunan | nglangkungi dènnya jurit | kuda nora ngambah | siti bangke kewala | sampun lajêng sri bupati | maksih limunan | wus masanggrahan aji ||
12. Lèpèn Wuluh sirnaning mêngsah têrangnya | kang tiwas dèn bêciki | kanin dinandanan | enjing susunan budhal | rawuh sawetaning biting | nèng Lèpèn Bawang | makuwon kalih latri ||
13. nuntên wontên abdi dalêm angsal warta | lajêng katur sang aji | yèn Kumpêni ingkang | baris Bagêlèn arsa | amêthuk marga kang supit | gêpah nalendra | sawadya budhal injing ||
14. prapta Gowong wêkas kidul masanggrahan | rêrêmbagan narpati | lan sagung punggawa | wêsananing kang rêmbag | mêngsa[4] arsa dèn dhingini | susunan matah | ingka[5] para prajurit ||
15. ingkang raka Pangeran Adiwijaya | ingkang kinèn rumiyin | kalawan Mas Răngga | Brajamusthi Jadirja | Saraagni kanan kering | pan wanci asar | budhal sawadya aji ||
16. saking Gawong angidul karsa nalendra | Bagêlèn kang dèn jogi | surup Sang Ywang Arka | dalu-dalu lumampah | margi singub langkung sungil | tumurun migah[6] | ardi mijil wana grit ||
25. Mijil
1. langkung jurang ayom têrbis-têrbis | lir dede mrêga wong | baruwang warak akèh margane | singa wagra ingkang wisa mandi | sangkutu-kutuning[7] | walang taga agung ||
2. kapêthuk [kapêthu...]
--- [f. 41r] ---
[...k] samya lumayu manjing | ing wana nistha wong | lir tatuduh marga lêlewane | kadya uning lir ababad margi | akathah swaraning | kapirsa ing dalu ||
3. kuwong munya sauran aganti | babêluk munya grong | blakatupuk arame swarane | têtuwuk munya lawan kakolik | têkak munya asri | kadhasih pan agung ||
4. cunggarèrètnong myang swaranèki | arame nèng kayon | gantêr patêr gumilap swarane | sata wana anjrit aninggari | prasunya grah muni | kidul kulon barung ||
5. Răngga Jadirja dados pangarsi | abingung punang wong | samya pisah lampah dhewe |[8] sawênèh ana tiba ing margi | rèrèn nginêp sami | waradin marga gung ||
6. langêning margi titis arungsit | akèh jurang ajro | marga riris prapta drês tibane | akèh kaênu jalma aguling | titir anayuti | samarga angantuk ||
7. ing jurang iring atêpi-têpi | toyanya drês awor | pasranging maruta drês tibane | wrêksa manggung molah dening angin | limuting awêngi | wrêksa gung gumuruh ||
8. gêntêr[9] patêr gumuruh gung prapti | toyanya drês ingrong | kilat aliwêran wor thathite | ilang andaka ingkang angrawit | niradanya nisih | maring lyèn kumêlun ||
9. kadi sang dyah duk angirab [angi...]
--- [f. 41v] ---
[...rab] wèni | was-was pi wilangon | kadulu kumrawe wêdanane | sata wana kluruk gugah jalmi | tangi kang aguling | inggar jalma agung ||
10. byar raina myang[10] baruna mijil | mega bang sumarot[11] | Răngga Jayadirja sakancane | jajahan Bagêlèn sampun prapti | wus angrêbat biting | Pamêlaran iku ||
11. anuntên kumpul rêmbagan sami | gumuruh punang wong | nuntên Pangran Diwijaya mangke | Mas Răngga Jadirja Brajamusthi | sami pra bupati | piturunan batur ||
12. kinèn damêl pasanggrahan aji | inganti padhang wong | prapta Banar tinata barise | samya tus jalma angati-ati | sampun tata baris | nêngah wong sadarum ||
13. sarêng dhatêng ing Karoya uning | araryan ing mako[12] | prayayi karya pasanggrahane | wus lumampah sakancane sami | kang kari wêtawis | ana gaman satus ||
14. tan andipe lamun mungsuh prapti | asêlur punang wong | kang lumampah wingking ulur bae | dèrèng kèndêl aulur ing margi | raryan[13] nimpang margi | amèt panganipun ||
15. sawênèh ana sêsarap margi | ana turu kang wong | jêng susunan nèng wuri lampahe | asêlur wadya ingkang lumaris | tan antara prapti | Kumpêni pan agung ||
16. mêngsah Wêlănda lan Bugis Bali | myang Jawa punang wong | gangsal atus [a...]
--- [f. 42r] ---
[...tus] kèhe watawise | arsa mêpêti bitingirèki | Răngga Jadirjèki | uning mêngsah rawuh ||
17. dyan têngara Mas Răngga tur uning | dhumatêng sang katong | Dyan Radèn Mangkuwijaya mangke | Dyan Mangkudiwirya kinèn bali | tur uningèng aji | kocapa ing pungkur ||
26. Pangkur
1. Pangeran Adiwijaya | Ki Mas Răngga Jadirja Brajamusthi | Saragni pêpak sadarum | rencang bupati ura | dèrèng kumpul kasêsa prapta kang mungsuh | lampahipun samya dharat | mung Jawa nunggang turanggi ||
2. sigra campuh ing ayuda | nganyut urip sadaya pra bupati | sangking kêdhik wadyanipun | norana ngrasa gêsang | sêdya lêbur sawab tan uningèng purug | lakung[14] rame dènnya aprang | kumêrud kang punang bêdhil ||
3. surak umung bal-ambalan | tandang parod parêng nêmpuh tan miris | ginarudug bêdhil agung | dhasar papan bêbanar | wong Saragni sadaya ngingêri mungsuh | anglambung wus olèh papan | bêdhile nora ngagopi ||
4. anolèh wadya Walănda | campuh lawan di dalêm Saragêni | lèh bênggang para tumênggung | anyêrod Ki Mas Răngga | ngamuk nuli Kumpêni kacarok lawung | tinumbakan kathah pêjah | larut asangsrangan wiwrin ||
5. lumayu mêngsah sasaran | kumêndamipun Kumpni angêmasi [a...]
--- [f. 42v] ---
[...ngêmasi] | wong Wêlănda têlas lampus | Bugis Bali kèh pêjah | kang sapalih-palih sami dipun cakup | Wêlandi kacêpêng papan | sêsanga dipun bêstani ||
6. abdi dalêm ingkang tiwas | nandhang kanin satunggil angêmasi | sunan agêlak wadyèku | dyan putra kalih prapta | tur uninga yèn ngajêng pun Răngga campuh | mêngsah kêlangkung gêngira | inggal umangsah sang aji ||
7. kang repot kinèn suminggah | abdi dalêm ing jro lumayya sami | anyandêr arêmbat ngayun | dyan sunan kagyat mulat | kang kapalan sêsandêran lampahipun | jêng sunan kèndêl ngandika | ika pa batur pribadi ||
8. apa ta mungsuh kang prapta | lah priksanên dyan pinariksa aglis | katur ingkang abdi prabu | kang damêl pasanggrahan | arsa tulung mring Mas Răngga pêrangipun | lumaris kangjêng susunan | kang raka nulya kapanggih ||
9. Pangeran Adiwijaya | ngandika sunan kangmas wontên ngriki | wartine Răngga atarung | inggih abdi sadaya | angsal barkat dalêm wus kawon kang musuh | Kumpêni alêlêburan | punika bangke Wêlandi ||
10. eca kang galih susunan | nulya majêng mêngsah kathah kang mati | langkung suka jêng sinuhun | nulya lajêng kapapag | abdi kanin dinangu [dina...]
--- [f. 43r] ---
[...ngu] katur sadarum | yèn Răngga èstu mênang prang | sunan luwih suka galih ||
11. kang kanin kinèn ambêkta | sunan lajêng Mas Răngga wus kapanggih | dinangu sapolahipun | katur tingkahirèng prang | langkung suka Wêlandi sêsanga wau | wus katur samya nguripan | Sêmawung dèn pasanggrahi ||
12. sadalu antara prapta | rayi kalih ngaturkên Kumpni siji | Kumbuwan kang panggih dhusun | nata ngling yayi srêpan | sun tarima kang rayi kalih wotsantun | samakta pangran ambêkta | wong Bagêlèn wetan sami ||
13. gupita kangjêng susunan | lan kang rayi-rayi kang lagya prapti | adarbe karsa sang prabu | ngêpang baris Ngungaran | abdi dalêm tinaros rêmbag sadarum | miwah kang rayi kang raka | roning kamal padha wani ||
27. Sinom
1. yèn sira padha arêmbag | lan aringong sira kalih | miwah kangmas Diwijaya | myang sakèhe wadya mami | besuk ingsun nindaki | aluwaran sang aprabu | enjing nulya budhalan | kadi ta yangywang tinulis | yèn dinulu lir angge-angge kodanan ||
2. mangilèn dènnya lumampah | Magulung dèn pasanggrahi | anuntên injing budhalan | sadintên tantuk lumaris | kabêtah
--- [f. 43v] ---
lèpèn banjir | masanggrahan sang aprabu | anèng ing Pakacangan | tunggil kali lan Wêlandi | ingkang wontên Ngungaran wau punika ||
3. nginggil lan ngandhap gènira | enjingipun bodhol malih | mangilèn lajêng[15] susunan | anjog sakilèning baris | biting Ngungaran uni | Winong pasanggrahanipun | kang abdi sri nalendra | Bagêlèn wus tarub sami | anging kantun salêbêt loji kewala ||
4. Bagêlèn bupatinira | wontên salêbêting loji | Ki Tumêng Ănggawăngsa |[16] sabature nora kari | anuntên sri bupati | enjinge bodhol mangidul | nyabrang lêrêng nalendra | Ngambal kang dèn pasanggrahi | kidul pêkên milanya kangjêng susunan ||
5. anyabrang lèpèn punika | dèrèng gilig rêmbannèki[17] | sarêng wontên kidul ika | amatêngakên ing pikir | sêntana myang bupati | sampun dadi rêmbagipun | siyos ngêpung Ngungaran | nuntên sunan budhal injing | ngalor malih masanggrahan ing Jarakah ||
6. injingipun sunan budhal | nyêlêki biting Kumpêni | dohira sapalajêngan | mimis mariyêm ing nguni | trêp masanggrahan aji | sawadya kadhar sadarum | wong Kumpêni sadaya | wontên salêbêting biting | kyèh wong Jawa nèng jawi biting sadaya ||
7. sri bupati ing Mataram |
--- [f. 44r] ---
duta dasih animbali | dhawuhêna wadyaningwang | musuh Jawa jaban biting | konên nukup dèn ênting | umahe ja na kang kantun | dhinawuhan sadaya | anulya dangdan wadya ji | sarêng masah[18] ingamuk tan kongsi tata ||
8. sakêlangkung kuwurira | apuyêngan gègèrnèki | lali anak rabinira | kuthatharan dèn abongi | nora kantun satunggil | mêngsah akathah kang lampus | ingkang akanin kathah | minggat sakèhing wong cilik | kantun prayayinipun manjing bitingan ||
9. kocapa Kêrtanêgara | anuwun pamit sang aji | arsa mantuk dhatêng Rema | angrêrig abdi narpati | kalilan inggal mulih | kawarnaa jêng sinuhun | mêpak kang wadyabala | anukup jawining biting | atanapi sakèhe para pratiwa ||
10. di dalêm mundur sadaya | gandhèk undhang-undhang enjing | kinèn damêl lêlumbungan | rinupak pisan karsa ji | tan dangu sampun dadi | katur kinèn masang dalu | latri sampun pinasang | sarêng byar sampun miranti | nulya aprang sapih dalu prang sadina ||
11. dalu ngangsêg prang sadina | siyang prang latri ngajêngi | langkung rame babêdhilan | kang ing jro lawan ing jawi | pan nora dèn agopi | sadina-dina atarung | sakêlangkung acêlak | pan kapirsa wong agusthi[19] | wus [wu...]
--- [f. 44v] ---
[...s] alama mêngsah jro alit kang manah ||
12. Kumpêni gêgês kang manah | obat mimisipun ênting | misuwur Kumpêni arsa | têluk dhumatêng sang aji | Ănggawăngsa duta glis | mring Toyamas minta tulung | lajêng dhatêng Sêmarang | kalawan duta Kumpêni | gancang carita punang duta wus prapta ||
13. ing Toyamas tutur têlas | sawêlingira ing nguni | Kumpêni lan Ănggawăngsa | Toyamas duta mring Têgil | kèn lajêng mring Sêmawis | duta Bagêlèn tut pungkur | ing Tatêgal wus prapta | tutur salakunirèki | tur uninga Kumêndam Ngungaran pêjah ||
14. kathah ature wus têlas | Petor Têgal nulya angling | lah uwis sira matura | manira arsa bantoni | lan adangdana sami | duta mit anulya laju | sampun prapta Sêmarang | lan tuwan upnur wus panggih | sampun têlas ature salampahira ||
15. tuwan upênur ngandika | lah duta matura aglis | Ki Tumênggung Danênggara | iya abantua sami | lawan warahên maning | Ki Ănggawăngsa Tumênggung | tinahana sadhela | ingong bantoni gêng prapti | tur nyirnakên mungsuhira babarpisan ||
16. sang duta wus pamit kentar | gupênur anduta malih | sarta ambaktani surat | pun Laba ingkang tinuding | mring Kêdhu [Kê...]
--- [f. 45r] ---
[...dhu] prapta aglis | Cacaban ingkang jinujug | mayor wus tămpa surat | mêngkana ungêling tulis | tulungana Kumpêni kang nèng Ngungaran ||
17. ika ing mangke kinêpang | lan sun bantoni Kumpêni | drêundrê[20] satus kapalan | nuli mangkata tumuli | mupung[21] ka[22] mungsuh maksih | arupak panggenanipun | inggal sira cêkêla | aja kongsi nêniwasi | adangdana mayor kêbat salobogan ||
28. Slobog[23]
1. nuli parentaha aglis | manira anuli prapta | tur ambêkta layang ingong | palêkat parentah jendral | sangking ing Batawiyah | samăngsa praptaa ingsun | gaman katêmua pêpak ||
2. mayor nuli marintahi | Kumpêni lawan wong Jawa | kang badhe tumut lampahe | antawise kalih dina | gupênur nuli prapta | pinêthuk Kumpêni agung | miwah sakèh kang wong Jawa ||
3. urmat mariyêm gêng muni | manjing biting ing Cacaban | lajêng anginum dalune | enjing Kumpêni wus pêpak | myang Islam lan wong Jawa | samya kinèn baris wau | kapitan lopèrès lutnan ||
4. pun mayor ingkang nindhihi | sukêtaris kinèn maca | surat palêkat printahe | ratfêni ing Batawiyah | sampun rêmbag sadaya | sinung kuwasa upênur | ing Jawi kulmake jendral ||
5. angrèh sakèhe Kumpêni | dadi ing saparentahnya | lan ingugahkên[24] namane | Tuwan Ugèndroffên [Ugèndrof...]
--- [f. 45v] ---
[...fên] rannya | Baron Intras Urdiyan | Nangris van Idiya[25] iku | saha Upênur Sêmarang ||
6. dirèktur ing tanah Jawi | hèh ya Kumpêni sadaya | ja na malang parentahe | Kumpêni mituhu palkat | wus putus punang surat | drèl munya syara gumrudug | mariyêm munya sauran ||
7. asukan-sukan salatri | jing Kumpêni Gêmbong prapta | satus dêrgundêr kathahe | pun Uce kapitanira | Lutnan Tobik arannya | kurnèt kalih mêstri catur | bêcik-bêcik drêgundrênya ||
8. wis ta mayor ingong mulih | nuli mangkata dèn inggal | aja jrih pêjah wêling ngong | sira plaur êndi pêjah | nganggur kalawan mêngsah | wong dosa gêdhe sirèku | mayor matèni Wêlănda ||
9. ngucap sugal mayor uning | angur ngong matia pêrang | nanging ngong anêdha têmbe | mring jêng ratfêni sadaya | tuwan dika turêna | yèn sunan kacêkêl mring sun | ilanga dosa kawula ||
10. lan anêdha minggah mami | iya aja walang driya | nging sunan dikêna mangke | gih sampun sumlang ing manah | wus kagêgêm ing asta | wus gawang katingal mring sun | manuke Sunan Mêtaram ||
11. kari kurunganerèki | asuwe mêthik wowohan | padha siji sun cêkêle | ya dèn kêbat lumakua | Kumpêni mêtu Têgal | usar bêcik walung puluh | têlung atus ingkang dharat ||
12. limang atus wong Kumpêni | Sêlam Jawa Ki Toyamas | ngong gawe senapatine |
--- [f. 46r] ---
nindhihi wetan Banyumas | wus kari mayor sira | inggih sampun walang kayun | măngsa karia ing karya ||
13. anyêkêl Sunan Mêtawis | angsal katona kewala | mêsthi ingong cêkêl dhewe | nora arsa ngago[26] rencang | tan ayun ngago pêdhang | ngong buwang karbin lan kêstul | nora lêga ingkang manah ||
14. yèn botên kacêkêl urip | wirang kêndhat tali murda | lamun tan kêna dening ngong | kula tuwan suka pêjah | muliha ran kewala | ya wis mangkata dèn gupuh | ngong mulih maring Sêmarang ||
15. gupênur bubar wus mulih | pun mayor atata-tata | angantêp jurit karsane | wong Kumpêni kang kapalan | kabèh samya ginawa | drêgundêr lama rong atus | pun Uce satus kapalan ||
16. punika andêling jurit | wong Kumpêni ingkang dharat | gangsal atus Wêlandine | wong Kumpêni Sêlam dhomas | wong Jawa winatara | dêdamêle kalih èwu | kumpule gaman sadaya ||
17. Wêlănda Bugis lan Bali | miwah sarupa wong Jawa | ingkang lumampah cacahe | nora milis winatara | kirang langkung tan kathah | tigang nambang kalih atus | budhal lir robing sagara ||
18. sangking gênge ingkang baris | sampun kumpul kang gêgaman | wadya Jawa têtindhihe | Ki Tumênggung Wiradigda | lawan Jayawikrama | ing Cacaban ingkang kantun | pun kumêndam ingkang têngga ||
19. sapratigan wong Kumpêni | kang ngladosi Mangkuyuda |
--- [f. 46v] ---
têngara muni arame | tambur bêndhe asauran | kumêlun nyêrod lampah | lakung gêng gêgamanipun | kêbat dèn prih inggal prapta ||
20. lampah dina mondhok latri | ing sabên dina mêngkana | Toyasumurup margane | anulya apacampuhan | bantu sangking Tatêgal | sing Toyamas sampun rawuh | nèng Marêdèn pakumpulan ||
21. usar wolung puluh uni | satus Kumpêni kang dharat | tigang atus Islam make[27] | mor kagiri-giri gêngnya | kang dharat kêkapalan | wong Toyamas kêrig tumut | saurute Roma[28] ngetan ||
22. ing alun-alun ngêbêki | tambur campuh mlingi karna | tanparungya wor syarane | gong bêndhe munya sauran | bêlabar pamondhokan | ajêjêl bala supênuh | anglir sagara bêlabar ||
23. lajêng enjinge lumaris | mring Pagêlèn lampahira | atulung pabarisane | Kumpêni kang nèng Ngungaran | sigêgên kang winarna | wau ta kangjêng sinuwun | wadya pucung tur uninga ||
29. Pucung[29]
1. aturipun wontên bantu prapta agung | sangking ing Sêmarang | sing Kêdhu langkung agênge | wong Kumpêni atanapi jalma Jawa ||
2. sakêlangkung agêng tan kêna ingitung | Mayor Klèrêk rannya | wong Kumpêni têtindhihe | tigang atus drêundrê kang kêkapalan ||
3. dharatipun Wêlandine gangsal atus | ingkang Islam dhomas | Kumpêni Bugis [Bu...]
--- [f. 47r] ---
[...gis] Baline | wadya Jawa Wiradigda Jawikrama ||
4. myang Kumpêni bantu sing Têgal akumpul | Toyamas kêrigan | sapangetan kêrig kabèh | Ki Toyamas ingkang dadya senapatya ||
5. langkung agung ing Marêdèn gènnya kumpul | ing mangke lumampah | angandika jêng sang rajèng | pariwara timbalana wadyaningwang ||
6. ingkang ngêpung baris Wêlănda sadarum | tanapi kangêmas | Diwijaya sawadyane | dhi Purbaya lan adhi Mangkukusuma ||
7. atanapi bupati mantri sadarum | wus pêpak nèng ngarsa | miwah prajurit sakèhe | angandika sri nalendra ing Mataram ||
8. sun wèh wêruh yèn ana Wêlănda bantu | sing Kêdhu si[30] Têgal | tan kêna cinacahake | yèn têkaa sun ngêpung dadi kinêpang ||
9. yèn sêmbada hèh sakèhe wadyaningsun | tanapi ta sira | Ki Purbaya ringong karo | ingsun tari tuwin Răngga Jayadirja ||
10. lan kangêmas miwah Suryanagarèku | apra mêngsah |[31] sadaya sami ature | nuwun duka sumăngga karsa nalendra ||
11. karsaningsun yèn sêmbada padha rêmbug | sun unduri mêngsah | Kumpêni ngong prih galake | kang bêbantu gêdhe cilike sun wruha ||
12. yèn kadulu udani gêng alitipun | bot ènthèng karuhan | ora si ajriha ingong | samya rêmbag mundur enjingipun budhal ||
--- [f. 47v] ---
30. Durma
1. jêng susunan tindak ngidul saha bala | kumpul prayitnèng wèsthi | lumampah atata | datan kaliru prênah | prawira angayati ati |[32] sura sadaya | tan ana sêdya urip ||
2. masanggrahan jêng susunan nèng Jarakah | enjinge budhal malih | mangidul anyabrang | masanggrahan ing Ngambal | atata prayitnèng wèsthi | kiduling pasar | kapering wetannèki ||
3. kawarnaa mêngsah kang bantu wus prapta | samya lumêbêt biting | antara rong dina | mêngsah mêdal anglarag | Tumênggung Yudanêgari | sarencangira | kêrig sawadyanèki ||
4. Ănggawăngsa sabature akêrigan | lan nêmlikur Kumpêni | gala-gala dharat | myang kêstabêle papat | angirid maryêm satunggil | sampun lumampah | lakune tan baribin ||
5. sarêng prapta ing rana atata wadya | kang dados dhadha jurit | Tumênggung Toyamas | mangku wong sasêliran | kang dados cucuking jurit | Ki Andangkara | pigir[33] sasak miranti ||
6. wong Kumpêni gala-gala amangawat | myang kêstabêl angèri | maryême pinasang | nèng Pênggêr wus mirantya | pêngawat kanan kawarni | Ki Ănggawăngsa | sawadyane nisihi ||
7. sampun cêlak mêngsah dahat tan uninga | tan wangwang nyênjatani | pan gègèr sakala | sunan ngatag têngara | gumyar tambur lan gong bèri | lir karngèng wiyat | wus [wu...]
--- [f. 48r] ---
[...s] kumpul wadya aji ||
8. sigra mangsah ing kala wêktu punika | lèpèn gêng dados rawi | sajêmbaring sawah | pinggirnya dadya rawa | kali gêng nora katawis | amor kewala | bêlabur punang kali ||
9. sangking kali kalih pambêdhil sinapan | kang lêbêt punang warih | wonten wangkid dhadha | wangkid dhêngkul pan kathah | lumrahe kang punang warih | sing panggêlangan | sunan lagya saniwi[34] ||
10. pêpak andhèr kang wadya asaos karya | sasak wus dèn pênêdi | susunan akarya | gêgêlaran ngayuda | mêngsah sura anyabrangi | pinrih acêlak | kang dadi pasang jurit ||
11. abdi dalêm Bagêlèn wus kapracaya | pinundhut ing sang aji | sing Pangran Purbaya | aran Ki Cakrajaya | tanapi Ki Sawunggaling | sawadyanira | sasanake angiring ||
12. lan Tumênggung Kartanêgara ing Rema | lan Ki Panjêr Ngabèing[35] | wus sami atata | nglêlèdhèk pinggir sasak | di dalêm jro amiranti | sênêtan karang | dhêdhêp sajroning kawis ||
13. kang siluman wus winangsitan sadaya | aja gitik tumuli | sanadyan ramea | kang pêrang gêmpurana | yèn musuh durung nyabrangi | aja agahan | yèn mungsuh wus angukih ||
14. barêng mara jêjêlên aja wèh bênggang | poma ja nêrak titi | Mas Răngga wus mapan | jajar wong papêndhêman | wontên sakaduling[36] kali | sakancanira | kabèh wong Sokawati ||
15. sunan angandika [a...]
--- [f. 48v] ---
[...ngandika] Răngga nindhihana | wadya kang sun pêndhêmi | adunên ing ngarsa | sun jêjêl ingkang wuntat | Ki Mas Răngga awotsari | mundur anata | wadya prayitnèng jurit ||
16. jêng susunan ngandika hèh ta yayi mas | êndi sabrangan maning | umatur pangeran | pun Rante kang prayoga | yèn mêngkono yayi kalih | lan kakangêmas | jagaa ingkang bêcik ||
17. sabrangan Ngrante ingsun atunggu sasak | yèn mungsuh anyabrangi | ing pagenanira | amêsthi tulung ingwang | lamun mungsuh nêmpuh mami | inggal tulunga | kangêmas adhi-adhi ||
18. lamun mungsuh amaro barêng anabrang | Rante lan ngarsa mami | yayi dèn apanggah | tanapi kakangêmas | aja nganti tulung sami | ungkur-ukuran[37] | dèn sami rêbat jodhi ||
19. matur sandika uwis samya bubaran | pangran katiga sami | Ngrante jinaganan | anulya mungsuh prapta | yun-ayunan pigir kali | mungsuh atembak | wong Mêtaram miranti ||
20. wong Bagêlèn Rema ingkang dadya pasang | mêngsah tinantang wani | pangarsa Banyumas | tate asura-sura | adan mêngsah mangsah sami | kabèh anabrang | nêmpuh ngarsa narpati ||
21. mêdal sasak di dalêm ngarsa uninga | lamun dipun sabrangi | wong Bagêlèn Rema | panjar sami amapag | tan wangwang campuh ajurit | arêbat sasak | wadya Jipan kalindhih ||
22. mundur sami tan katos prapta ing sasak [sa...]
--- [f. 49r] ---
[...sak] | mêngsah amburu wani | nolèh abdi nata | kang buru dipun papag | kandhêg campuh ramya jurit | bêdhil gumêrah | mêngsah rowang kèh mati ||
23. kêni mimis pêpênêde wadya Rema | pêjah silêm ing warih | jinêjêl ing mêngsah | mundur wadya pangarsa | mungsuh wus nyabrang sapalih | wau Mas Răngga | wadya pêndhêman sami ||
24. aningali mungsuh kang samya anabrang | nulya Mas Răngga aglis | angêtab têngara | sigra wadya pêndhêman | tandang nêdya pulih gêtih | sarêng umangsah | anampak galong pipis ||
25. duk tinêmpuh mêngsah kang samya anabrang | kabêtah anadhahi | anyêrod kewala | Saragni Suranata | Kapilih pan galong pipis | lir singa lodra | galak amăngsa jalmi ||
26. mêngsah giras lumayu wangsul mring sasak | linud akathah mati | kang wingking tinunjang | malah amblês kang sasak | sapalih asilêm warih | angambah rawa | mundur sami angungsi ||
27. mring Tumênggung Toyamas anata wadya | kadipan myang sinêlir | tuwin Ănggawăngsa | sawadyane atata | Mas Răngga anyênjatani | dèrèng anya |[38] mêngsah mundur miranti ||
28. Ki Mas Răngga sawadyane angsal papan | kidul kilèn miranti | bêdhile gumêrah | mungsuh akathah pêjah | undure sarêng aririh | angrêbat papan | nèng pungkur nêdya pulih ||
31. Pangkur
1. di dalêm ngêsuk anabrang | Suranata Kapilih Saragêni | sadaya arêbat ngayun | datan arsa karia | wong
--- [f. 49v] ---
Kumpêni lèh papan Pênggêr gènipun | miranti mariyêm ngongkang | di dalêm sampun nyêkêli ||
2. gumladhug[39] maryêm pinasang | kadya gêlap kapitu swaranèki | nora jrih kang saya purun | lir anon èstri endah | mangah-mangah wong Saragni karganipun | kinalungakên sadaya | lumakyèng to prasami |[40]|
3. watês dhêngkul sarêng ngêbyak | samya mapan sakyèh wadya Kumpêni | ingkang nyabrang dipun pangguh | miranti kang gêgaman | olèh papan kumêrud kang bêdhil agung | mariyêm nusun lir gêlap | kang aprang nora ngrasa jrih ||
4. mirsa mimis samya egar[41] | lir mong arêbut burukan wadya aji |[42] gargut arêbat karuwun | anglir wardu kumêlab | anèng warih kadulu kasuranipun | lir dede suraning jalma | nglangkungi agêgilani ||
5. ginarudug ing sênjata | mimis maryêm langkung pakuwon aji | mis pan nambur nrajang banyu | kumrapyak sumamburat | abdi dalêm pangamuke samya ngiwud | nulya gancang Ki Mas Răngga | nabrang sasak mor kang dhingin ||
6. carub wong jro lan ing jaba | rêbat dhingin tan etang lara pati | age malêsa sih prabu | jaba jro nora tata | Ki Mas Răngga sakănca tut margi nurut | kang mungsuh kala mundurnya | gancang nora ngambah warih ||
7. maryêm pêjah ngamuk cêlak | sigra êdrèl munya atarung bêdhil | budhêg tan mirsa kang ngamuk | mimis tiba lir udan [u...]
--- [f. 50r] ---
[...dan] | kumarapyak obat mimis tibèng banyu | ramya prang kèh longe pêjah | di dalêm wontên kang kêni ||
8. samya lajêng kèlêm toya | tan tinolèh ngamuk rampak prasami | mêngsahnya kathah kang lampus | sinapan wus tan munya | aprang amor tarung tumbak lawan dhuwung | surak amor kadi grêrah | tanpa parungyan amlingi ||
9. ti[43] rarêngkling[44] caruk wrastra | watang bêlah kang ngamuk saya mrati | mêngsah giris kang sinuduk | agila kang winatang | Ki Mas Răngga anêmpuh ing barisipun | Ki Ănggawăngsa atadhah | sampun rame dènnya jurit ||
10. sawadyane Ki Mas Răngga | ngamuk rampak sigra ngamuk padha mrih | wong Ănggawangsan kèh lampus | katitih Ănggawăngsa | nêdya ngamuk apulih lawan tan antuk | Mas Răngga nglingkung ngiringan | sarencangnya angêbyuki ||
11. sarêng ngamuk mêngsah kewran | tanbuh ingkang dèn pilih ing ajurit | wadya Banyumas lumayu | ingkang kacandhak pêjah | dipun watang sinuduk aniba lampus | giris lumayu sasaran | datan ngrasa mêngsah jalmi ||
12. niba tangi palayunya | pothar-pathir jinêjêl akèh mati | wus amor ingkang amburu | mêngsah kang saya rusak | asasaran palayune kawus-kawus | Kumpêni sadaya pêjah | maryêm obat mimis kari ||
13. waos bêdhil lan bandera [ba...]
--- [f. 50v] ---
[...ndera] | kèh kabandhang kasêsa dèn tinggali | angungsèkkên uripipun | Ănggawăngsa kabranan | kempol butul Tumênggung Banyumas mundur | tan ana măngga puliha | sami angungsi jro biting ||
14. kang kantun sami sasaran | kathah kanin sinuwun kang winarni | sampun nyabrang sasak wau | de pangeran katiga | nora tulung lir wong nonton polahipun | dyan kinèn animbalana | prapta gèn mungsuh sang aji ||
15. langkung suka sri nalendra | sarêng rawuh dulu mungsuh kèh mati | miwah kang bandhangan agung | pangran tiga wus prapta | maryêm bandhangan tinitihan sa prabu | pratăndha nagri karêbat | kinêkahan gulamilir ||
32. Dhandhanggula
1. wangsiting Yyang sokur ingsun luwih | nagriningsun karêbat sadaya | sarta nitih mariyême | wadya kang tiwas sampun | samya kinèn anyalulupi | Pangran Purbaya nêmbah | ngaturi sang prabu | sampun dalu samya bubar | sunan kondur mangidul nyabrang ing kali | mariyêm pan kabêkta ||
2. tinatasan sasak sunan bali | sampun prapta pasanggrahan lama | kocap kang kawon pêrange | arsa pulih wus rêmbug | sarupane wadya Kumpêni | Jawa dangdan sadaya | arsa gitik dalu | têngah latri dènnya kentar | daut kabèh ngang[45] kantun kang têngga biting | kalawan Ănggawăngsa ||
3. kang lumampah wus prapta ing kali | kandhêg sasak [sasa...]
--- [f. 51r] ---
[...k] mapan sampun ical | nulya sami wangsul kabèh | antawis kalih dalu | sunan bodhol ngetan wus prapti | masanggrahan ing Bêndha | sarêng rawuhipun | maryêm kinèn nyimpênana | jroning banyu antawise kalih latri | Kumpêni kang kocapa ||
4. rêmbagan anglarag ngantêp jurit | daut sakèh dlaundêr[46] sadaya | lan ambêkta kêstabêle | pininta kawan likur | sami dharat lawan Kumpêni | Sêlam kathah binêkta | ingkang sami kantun | Ki Tumênggung Ogawăngsa[47] | lan Wêlandi dharat kabèh myang Kumpêni | kalih atus kang Islam ||
5. sampun pêpak kang wadya Kumpêni | atanapi Sêlam myang wong Jawa | dyan têngara budhal kabèh | lir mêndhung alêlaku | gêgamane awarni-warni | wong Jawa anèng ngarsa | asêlur gumuruh | bupati asêla-sêngla[48] | myang Kumpêni Sêlam atêpang Wêlandi | lir sagara balabar ||
6. kagiri-giri gêng ingkang baris | kadi Prawata Indra kawlagar | bupati pêpakan kabèh | Kumpêni sampun kumpul | tuwan mayor ingkang anami | Hindrik Kalèrêk rannya | senapatinipun | pun Jangko kapitan usar | kalih iku ing sabrang tan olèh tandhing | pun Uce kapitannya ||
7. drêgundêr sangking Gêmbong nêgari | Lutnan Kurnèt pan pêpak sadaya | myang kapitan Islam kabèh | Ki Toyamas Tumênggung | Wiradigda Jawikramèki | tanapi Wiraguna | Martadipa [Martadi...]
--- [f. 51v] ---
[...pa] kumpul | lan Radèn Cakranêgara | Dipayuda ing Marêdèn kang nêgari | Mayor Kalèrêk tanya ||
8. mring Ki Tumênggung Yudanêgari | kadipundi sunan ing Mataram | wontên pintên papênêde | kang prajurit sadarum | anauri Yudanêgari | tuwan pamirsa kula | sêntana tumênggung | prajurit mantri sadaya | kalih atus puniku kang bêcik-bêcik | sarupanya wong dhomas ||
9. punika tuwan cacah prajurit | Mayor Kalèrêk sêndhu angucap | tan pira puniku kèhe | benjang rencang ing ngayun | lawan mêngsah lamun kapanggih | dika kèn ngundurana | dimèn mêngsah purun | yèn kasuwuk mêsthi kentar | karya cuwa dadi laku tanpa kardi | ngong kauli yèn mapag ||
10. Sunan Mataram ing lampah mami | wis ujarku buwang dhik-udhikan | Yudanêgara saure | tuwan sampun aujub | sunan nate ngabên ing jurit | botên mangke kewala | nadhahi prangipun | wadya Kumpêni kawula | wangsul-wangsul aprang lan sunan kajodhi | mayor kagyat miyarsa ||
11. salah graita runtiking ati | dipun nyana Tumênggung Toyamas | sangêt anggugung[49] mêngsahe | ngapêskên bangsanipun | Tuwan Mayor Kalèrêk angling | tatane nagri sabrang | yèn wong kinèn [ki...]
--- [f. 52r] ---
[...nèn] nglurug | ajrih mêngsah pinêjahan | êndhasipun pinangan dening sang aji | Tumênggung Danêgara ||
12. asru runtik tuwan ngong tan ajrih | pemut martèkên[50] adate sunan | tan ulap Kumpêni akèh | mayor tămpa kalèru | dadya nora ngandêl wong Jawi | mocot tapiyo kurda | tur wi amuwus |[51] hèh tuwan-tuwan sadaya | yèn sêlamêt susunan botên ngoncati | puruna dhatêng kula ||
13. têmên-têmên Susunan Mêtawis | wani tatêmu jurit lan ingwang | tuhu ratu prajurite | nagri norana jalu | liyan saking Sunan Matawis | aku aduwe ujar | yèn sida tatêmu | bênting sun karya ban-êmban | jarit cindhe wong siji aja tut wuri | lah kabèh sumingkira ||
14. lamun ana wong cêdhak ing kami | mêsthi lumayu Raja Mêtaram | dadya awêdi wong akèh | aja na wong kang tulung | tak sikêpe padha sawiji | aku ambuwang pêdhang | kêrbin lawan kastul | upêsir ingong sadaya | ngalumpukna têtali aja mrih mati | mring bature susunan ||
15. mêsthi kang kari wani belani | angrêbut maring gustine ika | nadyan barênga têkane | durung gigrig atiku | lamun sunan kacêkêl kami | iku pan dadi marga | gêdhene lungguhku [lung...]
--- [f. 52v] ---
[...guhku] | amêsthi kaya susunan | pan wis ana jroning tangan ingsun iki | kundur manah miyarsa ||
33. Durma
1. tan ana Kumpêni sajroning Jakarta | kang ngluwihi mring mami | jurit tanpa lawan | kalamun ta susunan | amatènana ing kami | sasat abêdhah | kutha gêng ing Bêtawi ||
2. lamun wani sunan têka ngarêp ingwang | amêsthi sun upahi | rong èwu kang reyal | sanadyan ta ilanga | yèn sunan atangguh jurit | prasasat ingwang | taun baru saiki ||
3. lamun nora tangguh masthi gawe tuna | apa wong Jawa iki | nora tuku warta | lan pira umur ingwang | ing sabrang tan ana tandhing | amung susunan | warta madhani kami ||
4. kabèh-kabèh wong Jawa tan wruh ing rasa | alane nglêliwati | bisa gawe guna | mêmanisi wongcana[52] | ing jaba jêro tan yêkti | tan tau ngujar | anyidrani ing jangji ||
5. manira iki wruh polahing wong Jawa | kabèh padha nglunyoni | pan ora kapalang | dadya mungsuh sadaya | ingsun dhewe angêmbari | Ki Wiradigda | anambungi prakawis ||
6. durung tutug Mayor Kalèrêk anyêntak | cis trak malu sira ngling | lu trak adha akal | trak brani sama juga | lu tidak laku sadhuwit | biasa kata | tontonên ingsun jurit ||
7. gêdrag-gêdrug [gê...]
--- [f. 53r] ---
[...drag-gêdrug] ambanting tapiyonira | kursi dipun rotani | sok ugi katona | susunan lan manira | amora lan mega putih | durung aulap | panasa kaya gêni ||
8. aku wani alêboni[53] kang dahana | wong Jawa nora wani | aprang lan susunan | apa ta dudu jalma | mayor kathah dèn sanggupi | pan mêndêm dahat | kaya ta wong mêkasi ||
9. ngamah-amah nêpsune kagila-gila | Ki Toyamas nambungi | ngaturi prakara | tuwan sampun mangkana | kalamun têdhak Mêtawis | tan kêna ngina | tuwan kalawan malih ||
10. nadyan kèha kusuma têdhak Mêtam |[54] nging puniki nglangkungi | sakèhing sêntana | norana kang mêmadha | manira sampun udani | boboting yuda | awrat sinăngga jurit ||
11. botên sakula tuwan angapêsêna | bobot jurit Kumpêni | nging sampun pêpeka | tambuh kawon mênanga | amêsthi dipun tarungi | mayor angucap | ywa kakehan kêstori ||
12. lah budhalna nêmbang têngara sauran | angrok turăngga muni | pan sampun lumampah | barisipun atata | norana angati-ati | weya sadaya | rinubung dhangdhang muni ||
34. Dhandhanggula
1. panganggone wong Toyamas asri |
--- [f. 53v] ---
ijêm abang sikêp bêdhil tumbak | angatya-atya wadyane | prapta pinggiring banyu | sasak sampun dipun dangdani | rampung Kumpêni nyabrang | myang Jawa sadarum | jêng susunan sampun mirsa | yèn Kumpêni nglarag Ngrante dèn sabrangi | jêng sun budhal ngetan |[55]|
2. sawadya ji Wirasaba prapti | sabrang êlèr sunan masanggrahan | dhusun ing Jênar wastane | aganti mungsuh rawuh | dhusun Bêndha laju Kumpêni | dhatêng ing Wirasaba | parêk prênahipun | lêt Lèpèn Lêrêng lan Jênar | Kanjêng Sunan angumpulakên wadya ji | miwah para sêntana ||
3. waduaji prasamya prajangji | sapa awon jangji sinudukan | saur pêksi purun kabèh | nekad wadya sadarum | lila pati sêja asabil | sarya ngunus curiga | supata grumrumung | anêlas agama mulya | ngoncatana ing mêngsah prapta ing jurit | abdi rêmbag sêdaya ||
4. tawis nrong[56] latri mungsuh nyabrangi | kangjêng susunan nata ing wadya | sêntana pêpakan kabèh | adipati tumênggung | lan prajurit myang mantri-mantri | pêpak sowan ing ngarsa | Răngga karsaningsun | Jadirja miwah kangêmas | adhi-adhi mungsuh iki sun gêlari | pondhok kabèh sun obar ||
5. mungsuh nyana akintar sun êprih | agalaka bubara titinya | lena amungsuh lakune | ngong pilihi wadyèngsun | wong prajurit kang bêcik-bêcik | dening sun aseluman[57] | kang rêpit ja na wruh | wadya ingsun jajar wayang |
--- [f. 54r] ---
sun du dharat kang ajrih sura katawis | ja na wong nunggang jaran ||
6. sun du rupak aja na gumisir[58] | patrap ingsun ngong kang dadi dhadha | kangmas lawan ariningong | mangawat kanan iku | Răngga Jayadirja ing kèri | sakancane sadaya | wong jêro sun adu | sampun arêmbag sadaya | wus tinata dyan kabèh pondhok binêsmi | wadya jinajar wayang ||
7. asiluman rêpit anèng kawis | repot lan kapal pinêrnah têbah | garwa putra lan bojone | abdi dalêm sadarum | datan dangu mêngsah lumaris | ngeca-eca lampahnya | tan nyana pinêthuk | tinangguh sunan wus têbah | lampahira lir wong apêpêkên iki | de pondhok wus dèn obar ||
8. bubrah martiga lampah Kumpêni | ingkang nèng ngarsa Wêlănda usar | wong Banyumas sakancane | Wiradigda akumpul | Jawikrama Uce nêngahi | satus drêgundêrira | kang angirid ngayun | Mayor Kalèrêk minăngka | senapatya wantêr lumakyèng ing ngarsi | drêgundêr kang dèn bêkta ||
9. rong atus Wêlănda bêcik-bêcik | pinilihan kang nyêkêl susunan | kang wuri pisan lampahe | wong Islam gangsal atus | acaruban lawan wong Jawi | kaliwone Gawăngsa | laku lèn adulur | pikulan amor gêgaman | kang seluman dhêdhêp bae angantosi | têlasing lampah mêngsah ||
10. Mayor Kalèrêk sigra ningali | rêrepot dipun nyana susunan | nulya dèn sandêr sira [si...]
--- [f. 54v] ---
[...ra] ge | manawa tan kasusul | kang nèng ngajêng kabèh tungtwiking[59] | drêgundêr lawan usar | Ki Toyamas tumut | Wiradigda Jawikrama | sakèh repot kasêsa samya narungi | tan dangu nuli kalah ||
11. binuru kathetheran kèh kari | ingêsuk-êsuk saya atêbah | mêngsah têngah tan wruh mangke | têbah laku nêraju | Mayor Buru sampun atêbih | Uce sampun kaliwat | sarêng lampah pungkur | di dalêm sampun ingatag | sarêng nêmpuh anjêjêl tan dèn agopi | kèh pêjah tan wruh mêngsah ||
12. wadya nuduk anumbak mêdhangi | kawon kagum mêngsah wus lumaywa | binrêg ting sulayah akèh | kang kacandhak sinuduk | tinumbakan akathah mati | kang wangke ing palagyan | kacurnan malayu | Kapitan Uce tumingal | nolèh tulung mayor repot kang dèn usir | dadya ubêng-ubêngan ||
13. samya bingung wau kang ajurit | ka ngajêng dadya anèng ing wuntat | tan etang anak rabine | Uce tulung pyuk campuh | prang gumêdêr êdrèl Wêlandi | pêtêng kukus sundawa | limunan ngêndhanu | prang amor nora karuwan | tambuh musuh lan rowang sasilih ukih | surak kadya ampuhan ||
14. watang-winatang aganti kêris | silih pêdhang aganti kacurnan | ing paprangan kêbak wangke | kadya ram watang putung | akèh wangkening kuda
--- [f. 55r] ---
mati | lir sarah bêdhil watang | kang aprang acarub | tanbuh mungsuh lawan rowang | pangamuke abdi dalêm tan wrin wasthi | maksa kathahên mêngsah ||
15. ginarudug ingêbyukan mimis | kalimput kawalahên susunan | sayah lan kêdhik abdine | kang akèh samya buru | prang rumuhun ura kang kari | ana sampun lumayya | dèn nyana kaburu | ana wadya kang umpêtan | awêwuda dangdanane dèn buwangi | tan emut gustinira ||
16. ingkang kathah tumut bêrêg dhingin | duk mênange pan ora uninga | jêng sunan buri prang rame | jaba jro wadya carub | bingang-bingung tan wruh ing gusti | ana dhêlik kalingan | sandi ngambil banyu | sunan ngumpulakên wadya | wus ngalêmpak prajurit kang kari-kari | miwah Kartanêgara ||
17. ingatag ngadu angamuk malih | lir ampuhan tarung padha sura | lan sakèh Kumpêni mangke | anrêg sinrêg gumuruh | anduk dinuk numbak mangêris | ramya pêdhang-pinêdhang | agênti amburu | rêrêg kandhêg silih watang | langkung rame jêng sunan amor kang abdi | kang ngamuk padha nekad ||
18. kathah pêjah kang prajurit kapir | ingamuk Kumpêni gagêmpuran | Bugis Bali Jawi akèh | pêjah atumpang susun | kang sinapan pêjah tan muni | tarung kêris lan tumbak | kang angamuk riwut | di dalêm tan etang
--- [f. 55v] ---
pêjah | angsal sipat jalma kacandhak ngêmasi | wanodya na kabranan ||
19. anitih sunan mêngsah kalindhih | lumajêng risak akathah pêjah | samya lumayya mungsuhe | jinêjêl akèh lampus | atanapi mêngsah kang kanin | wangke pating jalêmpah | Kumpêni wus larut | Kapitan Uce wus pêjah | Martaboma wau ingkang amatèni | wangke susun atumpang ||
20. sarah watang myang bandera bêdhil | tan angambah lêmah kang mênang prang | mêngsah mangetan larute | ngungsi luhuring gunung | kang sapalih ngungsi ing ngarsi | akumpul mayorira | binubujung tinut | kang kacandhak tinumbakan | Dipayuda Mardèn kacandhak ing bêdhil | tiba sangking turăngga ||
21. tinututan tinumbak wus mati | Kandhuruan nulungi arinya | kaliwat tan wruh mungsuhe | kapering kananipun | wus tinumbak bau kang kêni | tatas bali cungkelak | akêbat lumayu | abdi dalêm ingkang pêjah | Mangunnêgara iku arine dening | Radèn Suryanêgara ||
22. Suranata kang mati pun Arif | ki pangulu pan angsal Wêlănda | gêsang wus katur sang rajèng | winuni mungsuh ngayun | maksih agêng kang punang baris | kêdhik kang sampun kalah | wus nulak sadarum | Kumpêni Jawa lan Islam | kalih duman ingkang kari wus kinanthi | Mayor Kalèrêk [Kalè...]
--- [f. 56r] ---
[...rêk] sura ||
35. Kinanthi
1. Kumpêni Jawa pan agung | drêgundrê tembak kang baris | dhasaripun taksih kathah | Kumpêni Sêlam sapalih | gêgamannya taksih wêtah | Mayor Kalèrêk nindhihi ||
2. Jawi wutah gaman agung | Tumênggung Toyamas têksih | Wiradigda Jawikrama | taksih kumpul lan Kumpêni | miwah sapanêkarira | andhêndhêng kang punang baris ||
3. Kumpêni pan sarêng dulu | rencang paprangan kèh mati | kang gêsang tanbuh parannya | sampun alit ingkang galih | datan katara ing nitya | Kumpêni mundur aririh ||
4. wong Jawa agung tut pungkur | lumampah samya miranti | apasang jati pêndhawa | angêpung kang obat mimis | kocapa kangjêng susunan | sasirnane mungsuh uni ||
5. ingkang kawon juritipun | Kumpêni lawan wong Jawi | susunan ngumpulkên wadya | kang raka kang rayi-rayi | tinimbalan sampun prapta | rêrepot ingkang ginusthi ||
6. ing wartanipun kacakup | para garwa putra sami | garwane para sêntana | tanapi para bupati | bojoning prajurit samya | langkung ringêng sri bopati ||
7. ngatarèng rujiting kalbu | jêng susunan ngandika ris | kakangmas Adiwijaya | tanapi si adhi-adhi | miwah kang para bupatya | tanapi prajurit mami ||
8. padha sun tari sadarum | repot kabandhang Kumpêni | apan norana rinêbat | sawêwanine pribadi | ja lawan parentah ingwang | pan duwe tisna pribadi ||
9. Pangran Diwijaya matur | sumăngga [su...]
--- [f. 56v] ---
[...măngga] karsa sang aji | kula punika tan kuwat | mung dhatêngkên tisna ngaji | lah adhimas karo sira | pikirira ingsun tari ||
10. Pangran Purbaya wotsantun | sumăngga karsa sang aji | tan prabeda lan kakangmas | badan kawula pribadi | kantun dhatêngakên tisna | kewran sang prabu ing galih ||
11. sêntana samya turipun | sampun alit ingkang galih | tatanipun sampun bubrah | para bupati sun tari | kaya prèhe pikirira | sumăngga karsa sang aji ||
12. Mas Răngga kala puniku | pan aduwe ati miris | ingkang abdi wus kuningan | samya gêmpal atinèki | tinari norana kêna | panêngêran lamun miris ||
13. prajurit samya tinantun | ature sumăngga ngaji | pun dasih darma lumampah | tan gumingsir karsa aji | prajurit kala sêmana | nora wani nora wêdi ||
14. anukmèng driya sang prabu | baya-baya wus pinêsthi | sun kinon bisa-bisaa | sanak sun tuwa nom uni | tinari norana kêna | samya ngêbohkên ing kami ||
15. yèn tan kêncêng awak ingsun | lêbar tanpa wêkasnèki | baya wus karning Sukma |[60] sun têmahe lara pati | têmah andanu pratala | nora sêdya sun unduri ||
16. arêbat nêgaraningsun | têtilare rama aji | jêng susunan angandika | padha dèn têmpuhkên mami | iya tan gumisir ingwang | mulane padha sun tari ||
17. dudu sun dhewe putrèku | akathah putra rama ji | iya
--- [f. 57r] ---
ingkang mukti kathah | mêngko padha mitambuhi | iya tan gumingsir ingwang | yèn jamak wong priya sami ||
18. tambuh lyan yèn mungguh ingsun | kabandhang putra lan rabi | tansah amulat ing jalma | mandah ucaping nêgari | tan arsa la nèng dunya |[61] urip ginagujêng jalma |[62]|
19. iya ingsun suka lampus | yèn tan karêbut saiki | gon ingsun rêbat nêgara | yèn tan sal barkat rama ji | miwah eyang kina-kina | suka lalis ing pamijil ||
36. Mijil
1. sêksènana sakèh wadya mami | yèn tulus jênêng ngong | dadya aji tinulunga mangke | de pangeran lananga kang jurit | yèn tan dèn lilani | ngur lalisa ingsun ||
2. urip dadya pagujêngan jalmi | tanpa ngrasa ingong | dadya mêngko wadyaningsun kabèh | para bupati miwah prajurit | hèh Răngga pratuwin | jaba jro sadarum ||
3. tanapi sêntananingsun tuwin | kang sêpuh kang anom | ingsun pundhut kabèh apurane | aja na sak srêrik kadang mami | sawab susah dening | kabèh têka ingsun ||
4. sun jaluk trêsnanira ta sami | atrêrêna ingong | yèn cinupêt ing Ywang lêlakone | sira wruha layon ingsun sami | kakang yayi-yayi | yèn tan sagêd ngrêbut ||
5. anging titip ingkang kari-kari | dening awak ingong | gilang-gilanga sun têmah dhewe | gon ingsun rêbat nêgara mami | jêr ingsun dadya ji | tan gumingsir pupuh ||
6. kang amirsa angrês padha nangis |
--- [f. 57v] ---
adhuh ratuningong | abdi dalêm katut tyase kabèh | Pangeran Adiwijaya nangis | matur ing narpati | sarya sênggruk-sênggruk ||
7. dhuh akèh-akèh pangandika ji | kamangkara katong | sangêt têmên nglarakên[63] atine | dhuh sampun kalayatan suwawi | punapa dèn anti | sunan dawêg ngamuk ||
8. kang kabandhang langkung kawlasasih | garwa putra katong | amêmirang kapirsa liyane | yèn tan karêbat asuka lalis | sakèhing pawèstri | adhuh ari prabu ||
9. yèn tan tulus ri mas dadi aji | lalisa wak ingong | tan sagêd ngawula ratu lyane | pangran akathah-kathah turnèki | pangran rayi kalih | kanyut samya muwun ||
10. sami kaganggas[64] pangeran kalih | dawêg ngamuk katong | luhung ămba pêjaha ing mangke | tan sagêd kari tinilar aji | dadya kèsi-èsi | sun trima riningsun ||
11. tisnanira dèn ririh rumiyin | sapa jujung ingong | yèn dedea kadang sêpuh dhewe | ingkang tisna tur kari sawiji | miwah kadang mami | kang anom sadarum ||
12. nora larang anjujunga mami | panjênêngan ingong | sadulur lanang tur bagus dhewe | wong loro anom tur sigit |[65] Răngga Jadirjèki | sakèhe wadyèngsun ||
13. padha trêna gèn ingsun ajurit | pyuh sakèh punang wong | samya sarêng narik curigane | nangis kabèh sumungkêm ing siti | Răngga Jadirjèki | sumungkêm ing suku ||
14. alit tumêkèng [tu...]
--- [f. 58r] ---
[...mêkèng] wayah pun dasih | ngabdèkên sang katong | nora jamak-jamak jalma akèh | sinuwun kang mupu ngurip-urip | wak kula puniki | kagunganing prabu ||
15. nanging umur kang darbe Ywang Widi | adhuh ratuningong | akathah-kathah tur prasêtyane | asupata yèn ngoncati jangji | suka pêjah dhingin | yèn tan tulus prabu ||
16. di dalêm sadaya ture sami | akathah satya wong | pra bupati prajurit sakèhe | sami lan Mas Răngga aturnèki | supata angênting | sarêng gumarumung ||
17. samya sura lêgawa ing pati | tan siwah turnya wong | pra bupati myang prajurit kabèh | samya ture rêbat dhingin lalis | alah iya uwis | sun trima sadarum ||
18. wadyaningsun payo labuh pati | rêbutên layon ngong | lamun ana karsaning Ywang mangke | sapa kari ngawula lyan mami | gêdhe marma mami | manawa tan punjul ||
19. sor dama papa sira wus uning | ratu liyan ingong | kang tan duwe apura martane | yèn wus ngadêg ukum lawan adil | sêntana tan kèksi | yayah renanipun ||
20. nanging kadange ukum lan adil | wus jamake katong | padha imanêna iku kabèh | ngawula sira tan olèh runtik | pirabara mami | ya olèh[66] pitulung ||
21. akathah-kathah pangandika ji | kèh prajurit mangko | pating galidro tèk supatane | Kapilih Suranata lan Bugis | miwah Saragêni [Sa...]
--- [f. 58v] ---
[...ragêni] | kathah sanggupipun ||
22. tandangipun lir banthèng akanin | akèh sangguping wong | nadyan aprang mêngsah sakèhane | mungsuh tangkêpa sakêthi sisih | ămba tan gumisir[67] | wrat dana sang prabu ||
23. mapan kocake ludira mami | tugêle jangga ngong | kawula singgakkên panaure | danakrama datan animbangi | prasêca lan pati | anjalma ping pitu ||
24. kinawulakêna awak mami | ing saturun katong | supata masibat Jawa kabèh | asupata Islam manjing kafir | yèn cidra ing aji | ana ingkang sanggup ||
25. yèn tatu gigir aja basuki | rinampoga ingong | ana sanggup pagas cidra jare | kang sanggup tapèh dadiya èstri | yèn cidraa jangji | sampun gêsang ulun ||
26. sampeyan dalêm jurit lan kapir | yèn dèrèng tumpês wong | eman têmên sih dalêm agêdhe | dhatêng sakathah abdi narpati | ingakên mitra ji | yudakênaka gung ||
37. Pangkur
1. dèn ingeman ngingu wadya | yèn pun dasih mêksih urip manawi | sami palastra sadarum | wingking sakarsa nata | suka lila pêjah dadya bantên prabu | sadaya samya aturnya | gusti punapa inganti ||
2. sampun kêkathahên rêmbag[68] | bilih kalalu agêng manah Kumpni | anênggak-nênggak sang prabu | mirsa aturing wadya | ya dèn ririh pirabara tuk pitulung | sunan nênêdha Pangeran | pinêpês raga lir lalis ||
3. nêmbah Ywang kumpul satunggal | sarira mor
--- [f. 59r] ---
tan tunggal tan pisah uni |[69] tan wontên kang ngandhap luhur | ilang gusti kawula | byar tinarima sunan panêdhanipun | pira suwene ngabêktya | asal têmên dèn têmêni ||
4. angandika sri nalendra | wis sêdhênge aja na ngrasa urip | aja na cidra ing wuwus | kangmas Adiwijaya | lan Si Răngga dadi dhadha patrap ingsun | yayi karo lan Jadirja | Suryanêgara pratuwin ||
5. kalawan Kartanêgara | akumpula dadi pangawat kering | wong jro kang nindhihi ingsun | dadi pangawat kanan | sampun rêmbag Ki Mas Răngga nulya muwus | dhumatêng Pangran Purbaya | gih sampeyan ugêrnèki ||
6. kang jujung raka andika | luhung kawula gusti tarutus abdi |[70] ingkang katêmpahan iku | anggèr inggih sampeyan | angawaki măngsa boronga gustingsun | Pangran Purubaya ngucap | sampun pindho karya adhi ||
7. tan ngandêl marang manira | dipitaya ja sira walangadi[71] | Ki Mas Răngga ika matur | lêrês anggèr punika | dyan têngara budhal majêng sang aprabu | ngalèr wadya ngadu dharat | lawan mêngsah wus nyalêki ||
8. kagiri-giri gêngira | tata lumbungan wong Kumpêni myang wong Jawi |[72] barisira kadi gunung | nanging sakèh Wêlănda | sampun miris wangwang-winangwang adangu | têbihe mungsuh lan rowang | udakawis sapabêdhil[73] ||
9. yun angamuk wadyabala | kajêng sunan ngadhangi kinèn ririh | alona kewala [kewa...]
--- [f. 59v] ---
[...la] iku | mungsuh cilik atinya | nuntên wontên mantri Toyamas pan kontung | amarani nugang kuda | lir duta mijil sing baris ||
10. katingal wis pinrêpêkan | de Kapilih atanya ingkang pundi | lurah kawula gènipun | Ngabèi Dipayuda | ing Marêdèn sinauran gih puniku | wong bingung mara wus cêlak | dèn karacok[74] wus ngêmasi ||
11. sunan ngatag tata bala | samya majêng sarwi suwarèng jalmi | wadya Kumpêni akumpul | gamêng pipit kewala | mêngsah Jawa tan têbih kumpul sadarum | di dalêm anyèrèd tumbak | rêbut dhingin marêpêki ||
12. wali-wali dipun tiktak | nora obah tan kèndêl angajoni | wus acêlak sigra campuh | rudrèl barêng lan tiktak | tan pinirsa wong Mataram ngrangsang purun | angêdrèl malih Walănda | abdi dalêm tan gumingsir ||
13. sarêng malês anyênjata | langkung rame kang aprang samya wani | di dalêm angamuk ngiwud | mêksa kabyatan lawan | anrêg ngukih kadya banthèng kalêlatun | prasamya angantêp yuda | kangjêng susunan ngawaki ||
14. dhadha pangawat atêbah | dhêdhêg kewala kadya wong nêningali |[75] Mas Răngga sakancanipun | nitih kuda atêbah | arsa nglingkung gancang atulung sang prabu | ing rana lir têngah wêngya | ramya wong ingkang ajurit ||
15. kadya surup sang raditya | nora cahya pêtêng kukusing bêdhil | sangsaya sura
--- [f. 60r] ---
sang prabu | galih dalêm asuka | kinarubut dyan Kumpêni dipun lawung | ing wadya niba sing kuda | kêbat bature nulungi ||
16. gancang Kapilih lan Jawa | wus anandêr maos-maos Kumpêni mati |[76] usar narik pêdhangipun | tinumbak narik pêdhang | kănca tulung numbak sing ngiringan butul | pastul[77] Kumpêni gumêrah | kathah sarêng angêbyuki ||
17. abdi dalêm karepotan | Kapilih siji mati datan tinolih |[78] abdi dalêm ngamuk purun | mêngsah akathah pêjah | dipun watang sinuduk maksa ngarubut | di dalêm numbak kèh bêlah | kang ngamuk lawan kêris |[79]|
18. Kumpêni ngêmbuli pêdhang | mêngsah kêris langkung rame kang jurit | maksa kêkathahên mungsuh | agêrgut jêng susunan | nêrêg bala ing ajurit kinarubut | têmên-têmên mimis pêdhang | tan tumama jalma luwih ||
19. jêng suhunan awor lan wadya |[80] wong Kumpêni panggah tumpês kèh mati | apuyêngan gègèripun | kang lumayu kabranan | pan wus katitih Kumpêni pêrangipun | anganyut urip susunan | mungsuh kang kêtêl dèn ukih ||
20. bubar nunjang mayorira | ingadhangan maksa tan măngga pulih | Kumpêni usar lumayu | sasisane kang pêjah | Mayor Kalèrêk nglela kesisan batur | abdi dalêm sigra mara | ngucap mayor sun tan apti ||
21. dudu lawanku ayuda | lah êndi sunan sêdhêng matia mami |[81]
--- [f. 60v] ---
hèh kapir apa abamu | ngundhamona nalendra | aku dhewe anguwisi kinarubut | wus kanin mundur lumampah | kinèn ngambên brana dening ||
22. wau Ki Wirawidigda | nora arsa dyan sinusul ngandhêgi | ingkang anusul pinêstul | indha ngadêg anumbak | ngarah gulu kaliwat mring pundhakipun | cinandhak karêrêjêngan | mayor ngunus pêdhang aglis ||
23. mèh lumarapna wong jaba | amor siji Wirarana rannèki | gancang nrajang narik dhuwung | mayor wus pinarjaya | niba lajêng tinunggangan dhadhanipun | sinambêlèh wus tinigas | mêngsah larut tanna pulih ||
24. Kumpêni susun atumpang | ingkang pêjah kang urip lumayu gusis |[82] tunjang-tinunjang lumayu | wong Jawa kathah pêjah | tanpa kanin bucali dangdananipun | bêdhil waos kêris pêdhang | bêbênting lawan kulambi ||
25. yèn matènana wong Jawa | têtumpêsan sawiji norana kari |[83] yèn Kumpêni masthi lampus | Jawa kèn sumingkira | wong Kumpêni niba tangi kawus-kawus | Bugis Bali lan Wêlănda | kang kacandhak angêmasi ||
26. abdi dalêm samya sura | nora oncol papak nora ngoncati | Pangran Purbaya winuwus | ingkang mangawat kiwa | amêgati mêngsah kang sami lumayu | kang nutut pan winudanan | kang băngga dipun pêjahi ||
27. Pangeran Adiwijaya | angadhangi [anga...]
--- [f. 61r] ---
[...dhangi] ing mêngsah akèh mati | ingkang gêsang kawus-kawus | repot wau punika | angalêmpak anèng lèr kilèn gènipun | dèn nyana ngadhangi mêngsah | palayune niba tangi ||
28. di dalêm numbaki mêngsah | lir cêcindhil mêngsah kawus kang urip | ngungsi manjing bitingipun | barisan ing Ngungaran | wontên prapta para nyai atur wêruh | ni sêkul langgi wêstanya | padharane sri bopati ||
29. atur priksa garwa nata | para putra rabine sêntana ji | myang èstri sakathahipun | botên wontên kabandhang | tinimbalan sadaya pan inggal rawuh | langkung suka jêng susunan | kadya madu winor gêndhis ||
38. Dhandhanggula
1. sri nalendra ingkang mênang jurit | pan pinarak sineba ing wadya | pêpak abdi dalêm kabèh | sêntana samya kumpul | atanapi para bupati | myang prajurit sadaya | angayap ing ngayun | taksih akuthah ludira | dènnya ngamuk langkung suka sri bopati | sukur dhatêng Pangeran ||
2. pitulunging Yyang sunan awêning | kawasaning Yyang bab apêpêrang | dudu panggawe jalmane | kawasaning Yyang Agung | nora nyana sri narapati | yèn mungsuh sirna gêmpang | kêdhik abdinipun | norana nyana agêsang | mangke antuk pitulung lanang kang jurit | kadirun sipating Yyang ||
3. nora kêna kathah lawan kêdhik | darma-darma kawula punika | lir dhalang wayang purbane | wayang wasenanipun [wasenani...]
--- [f. 61v] ---
[...pun] | nora samar sri narapati | tan roro tingalira | trus agamanipun | kumambang wasesaning rat | kadya sarah anut salembaking warih | sumăngga ing Pangeran ||
4. karanipun manusa puniki | ja gumingsir tan ngandêl gustinya | punika sirik Ywang make[84] | kang sêja urip lampus | sêja mati wêkasan urip | apuraning Pangeran | winuni sinuwun | ngandika lah kumpulêna | kèh bandhangan tanapi boyongan sami | wus kumpul ing ngayunan ||
5. obat mimis tumbak kêris bêdhil | tambur salomprèt bêndhe bangndera[85] | boyongan sumaos kabèh | kang katara puniku | bojon mayor lan jangko uning | lan rabine Toyamas | nanging nyandhang tatu | anake mayor palastra | pangagênge kang katawis dèn kêthoki | Wêlănda lan wong Islam ||
6. anèng paprangan kinèn manjêri | kinarya pratăndha mênang yuda | ing palagan êbak wangke | lir binabad supênuh | ting jalêmpah Wêlănda Bugis | Bali lawan wong Jawa | boyongan kèh katur | langkung suka jêng susunan | aningali tingkahe para prajurit | dyan wontên abdi prapta ||
7. Wirasastra Kartawăngsa prapti | sangking bujung mêngsah sarêng nêmbah | ulun tur uninga ngrajèng | kawula bujung mungsuh | kang kawon prang ingkang rumiyin | Wêlandi ngungsi ngarga | pan maksih kinêpung | mring di dalêm Cakrajaya | kathahipun [ka...]
--- [f. 62r] ---
[...thahipun] sawidak kula wêtawis | kirang langkung tan kathah ||
8. gêpah ngandika suka narpati | Kartanêgara sira sun duta | Kumpêni cakupên kabèh | Si Gawong tuwaburu | ya milua dadia kanthi | sami matur sandika | sadaya wotsantun | budhal sangking ngarsa nata | sampun lêpas datan kawarna ing margi | susunan dèrèng lêga ||
9. angandika sira yayi kalih | Ki Purbaya Ki Mangkukusuma | cêkêlên Wêlănda kabèh | măngsa bodho riningsun | nuwun nêmbah mintar sira glis | taksih dèrèng sakeca | ngandika sang prabu | kakangmas Adiwijaya | kula sangêt watir kang nyêkêl Wêlandi | mênawa para tiwas ||
10. kula arsa nusula pribadi | sumăngga karsa kangjêng susunan | ngatag nabuh têngarane | wus budhal jêng sinuhun | saha bala kasaput latri | mêsanggrahan susunan | pinggir kali wau | Bogawănta enjing prapta | pangran kalih bêkta Wêlănda kang ngungsi | ing gunung katur nata ||
11. matur purwa wêsana wus ênting | langkung suka tarima riningwang | dinangu kèhe ature | sawidak kirang têlu | dyan pinundhut kapalanèki | Lutnan Tobik arannya | lawan kurnètipun | kinèn nari amiliha | urip pêjah ature pun Lutnan Tobik | sumăngga karsa nata ||
12. sadasa kula anêdha urip [uri...]
--- [f. 62v] ---
[...p] | lamun sunan ngarsakake pêjah | kurnèt tan ngantos tinaros | galolo tangisipun | nuwun gêsang nyaru pun Tobik | sapuluh arsa gêsang | yèn kinarya lampus | dènnya gusthi tan pinirsa | angsal wontên rêrasan kurnèt nauri | ewa kangjêng susunan ||
13. sunan ngandika hèh sira Tobik | sun uripi wani sun adua | bangsamu Kumpêni kabèh | Tobik aris turipun | inggih gusti sintên ngingoni | patut gusti tinuta | ing parintahipun | kamanisên jêng susunan | amiyarsa ing ature Lutnan Tobik | pun kurnèt cumêlandhak ||
14. kula purun ngabên lan Kumpêni | sarta lucu akathah polahnya | tan pinirsa ing sang rajèng | nging Tobik woding kayun | kurnèt dipun èsêmi Tobik | nulya kang kathah-kathah | aganti pinundhut | kinèn nari papat-papat | samya ture nulya dinum wus waradin | ginadhuhkên bupatya ||
15. myang sêntana luwaran sang aji | nora bubar arêrêmbên bala | wus kalih latri enjinge | budhal bala sawagung | baringkelan pakuwon aji | Răngga lawan Jadirja | sangêt aturipun | anuwun pêjah Wêlănda | ingkang têluk susunan arsa gêsangi | duwi sangêt lênggana ||
16. wus pinatèn nging tambur kang kari | lawan suling salomprèt kang gêsang |
--- [f. 63r] ---
bupati wus lêga tyase | miwah sêntana rêmbug | sampun sirna kang dados watir | sang nata pirêmbagan | sêntana tinantun | tanapi para niyaka | lamun arsa kirim sêrat paring uning | mring putra têlênging tyas ||
17. Pangran Mangkunêgara Dipati | tindak ingsun duk samulabuka | prang ing Murung wiwitane | lan Gawong mungsuh gêmpur | prang Mêlaran sirna Kumpêni | ngêpung biting Ngungaran | prang Ngambal sun unggul | prang Jênar Kumpêni sirna | myang bandhangan boyongan kamot ing tulis | apa baya prayoga ||
18. pra sêntana matur nyuwawèni | atanapi kang para pratiwa | pan sampun golong ature | ing dalu tan winuwus | enjing duta saos ngarsa ji | nuwala wus tinampan | wus kentar sing ngayun | lampahe datan kawarna | ingkang kantun agupita sri bopati | lawan para niyaka ||
19. ingkang raka lawan rayi kalih | atanapi bupati sadaya | nora lami antarane | bantu Kumpêni rawuh | sing Bêtawi Ngungaran prapti | aran Kapitan Bagrak | Bugis wolung atus | atanapi wong Makasar | jêng susunan anuduh ing rayi kalih | lawan Kartanêgara ||
20. kinèn ngriwuk barisan Wêlandi | ing Ngungaran sandika wus kentar | wong têtiga sabalane | budhal mangilen prabu | ing Karoya dèn pasanggrahi | Mas Răngga sakancanya | kinèn [ki...]
--- [f. 63v] ---
[...nèn] lajêng nusul | dhatêng baris ing Ngungaran | animbangi lampahe pangeran kalih | sigra Mas Răngga mangkat ||
21. kang kocapa jêng pangeran kalih | sampun aprang lan baris Ngungaran | langkung denang[86] pêrang rame | nging angsal barkat prabu | wus kuciwa bala Kumpêni | kathah ingkang bandhangan | wus katur sang prabu | sawarnine kang bandhangan | Bugis Bali wus munggèng ngayunan sami | sang nata duk tumingal ||
22. têtiyang Bugis Bali kang kêni | kangjêng sunan amarwata suta | langkung dening katrimane | wus wangsul kang ingutus | nulya gandhèk kinèn nimbali | Mas Răngga sakancanya | pangran kalihipun | katiga Kartanêgara | dipun dikakakên nênggani Kumpêni | kang abaris Ngungaran ||
23. lan tunggu Bagêlèn gandhèk aglis | sampun kentar pangran dhinawuhan | miwah Kartanêgarane | liring kang kocap wau | sampun amit gandhèk lumaris | Mas Răngga dhinawuhan | sandika wus daut | prapta cumundhuk ing ngarsa | angandika sunan mêngko karsa mami | budhal jog Kêdhu ingwang ||
24. aturipun Mas Răngga ngrêmbagi | sarêng enjang têngara dyan budhal | sumahab wadya balane | datan kawarna ngênu | sampun prapta ing Banyuurip | sunan makuwon lama | gantia winuwus | kang kantun têngga Mêtaram | miwah Pajang Pangeran Mangkunêgari | ênggènira nèng Lusah ||
25. kang têngga mêngsah kèh mantri Jawi | sabên dina tarung aprang cidra | Kumpêni bingung manahe [ma...]
--- [f. 64r] ---
[...nahe] | sigêg ta kang winuwus | duta nata kang mundhi tulis | sampun prapta ing Lusah | kang saos tur wêruh | gêpah duta tinimbalan | sampun dhawah sakathah pangandika ji | nuwala wus tinampan ||
26. duk binuka winaos kang tulis | langkung kathah raosing nuwala | pangran anon rujit tyase | angraos angsal bêndu | rèh tinilar atêngga nagri | tiwas kantuning karya | Pajang mêngsah wutuh | Mêtaram Kumpêni nglantrah | amung Kêdhu Bêgêlèn Kumpêni gusis | kang panggih sirna gêmpang ||
27. dangu pangeran amaos tulis | suka non sadalêm nalapatra | winaos winalèn-walèn | langkung sih kang sinuhun | sakarsane aparing uni | wêwangsul wus kinarya | kang prayoga kunjuk | enjing sinungkên utusan | lajêng mangkat datan kawarna ing margi | prapta ing Toyagêsang ||
28. nulya katur ngandikan ngarsa ji | sampun kunjuk satingkah dinuta | atanapi sul-angsule | winaos inggal putus | langkung suka sri narapati | mirsa tanggaping putra | miwah aturipun | kang mungêl nuwala patra | atanapi sakèhing para dipati | sami suka miyarsa ||
29. kawarnaa kang têngga Mêtawis | sira Ki Dipati Jayaningrat | datan pisah saputrane | ki dipati nèng gunung | kidul têngga pangran dipati | sakancane sadaya | sae ênggènipun | kang dadi riwuking lampah | Janêgara Janapura apratuwin | wêkas kilèn kang
--- [f. 64v] ---
têngga ||
30. watês Bagêlèn lawan Matawis | Wiraguna lan Martanêgara | lamun anglarag mungsuhe | wong Kumpêni sadarum | kang linarag munggah ing ardi | mudhun Ki Janêgara | ngodhol sangking pungkur | Kumpêni tan kongsi têbah | nolèh aprang ing ngandhap dipun oncati | kasmaran minggah ngarga ||
39. Asmaradana
1. ingêsuk dening Kumpêni | Janapura bodhol wuntat | Kumpêni nolèh prang rame | Janapura minggah ngarga | ingkang krêrêp dènnya prang | Jayanêgara Tumênggung | sabên dina rame prangnya ||
2. akèh longe ganti mati | Kumpêni lan wong Mataram | ubêng-ubêngan pêrange | tan kongsi minggah lampahnya | ing ênggone pangeran | bingung kaku atinipun | dhêdhêngp[87] lami nora mêdal ||
3. Jayanêgara ngudhuni | anulya adhêp-adhêpan | Wêlănda dhêdhêp barise | linèdhèk pan nora mêdal | dening Kangjêng Pangeran | Dipati Anèm Mêtarum | ing Pudhak barisanira ||
4. nèng Tulung baris Kumpêni | nuntên Ki Jayanêgara | gitik Kumpêni prang rame | Kumpêni kawon kèh pêjah | mundur baris Wêlănda | nulya baris Cala wau | Janêgara barisira ||
5. ing Baladho arannèki | anulya Wêlandi minggah | dipun gêngi ing lampahe | mingêr mundhun Janêgara | anjog desa Gêmbira | Wêlandi kaku tinipun | wangsul malih dhatêng Cala ||
6. lajêng Ki Jayanêgari | kidul Bakung [Ba...]
--- [f. 65r] ---
[...kung] dipun ubak | lajêng mangetan lampahe | ing Palèrèd kang jinogan | lajêng Ki Janêgara | ing Terong kang dipun jujug | dening Pangeran Dipatya ||
7. lan Janingrat Ki Dipati | dèn nyana Wêlandi minggah | mapan sawadyabalane | Janêgara sampun nulak | bali gonira lama | pangeran ngaturan maju | sampun majêng barisira ||
8. ing Pabanyon kang dèn gèni | Ki Adipati Janingrat | Jayanêgara barise | apacak anèng Sarungga | dening Ki Janapura | Banyumênêng barisipun | Jalêgong Tirtanêgara ||
9. pacak baris Kilènpragi | Walandi wangsul mring Yogya | Jêng Pangran Dipati Anèm | kalaywan Ki Jayaningrat | mudhun wus masanggrahan | ing Kêmiri wastanipun | Janêgara nèng Gêmbira ||
10. pan ora antara lami | nuntên wontên Bugis prapta | têluk sing Bantên sangkane | kawan dasa kathahira | nulya binêkta minggah | mring pangran dipati katur | tinakèn lamun dinuta ||
11. dening Sultan Bantên uni | kinèn sowan jêng susunan | wus katur kabèh lakune | binêkta wangsul sadaya | dening Ki Wiraguna | kinèn ngaturkên sang prabu | pan antawis kawan dina ||
12. anglarag wadya Kumpêni | apan botên katanglêdan | wong Mataram sakathahe | pan sampun minggah ing arga | abaris ing Dherekan [Dhere...]
--- [f. 65v] ---
[...kan] | Kumpêni nulak sadarum | wangsul wus dhatêng Ngayogya ||
13. kawarnaa Ki Dipati | Jayaningrat rêrêmbagan | lawan Pangran Dipatya Nom | myang Tumênggung Janêgara | sakit Ki Janapura | karya sêmang sampun rêmbug | enjing budhal saha bala ||
14. mangilèn nabrang Pêragi | mung kantun Ki Janapura | nèng Gambira sawadyane | Ki Dipati Jayaningrat | pangran dipati lawan | Jayanêgara Tumênggung | samya nèng Kilènpêraga ||
15. masanggrahan kalih latri | ing dalu daut sadaya | prapta Gambira injinge | lagya tata pamondhokan | mêngsah Kumpêni prapta | kathah ingoncatan sampun | minggah ing arga sadaya ||
16. inggal mangetan ngingêri | anjog dhusun ing Patoyan | Kumpêni wus nulak kabèh | abaris wontên ing Cala | Tumênggung Janêgara | ing Bêladho barisipun | pangarsa wadya nonoman ||
40. Sinom
1. anulya Jayanêgara | mudhun saking ardi aglis | abaris wontên Sarungga | wus nêdha rêmbug tumuli | mring rama ki dipati | arsa gitik barisipun | Wêlandi kang nèng Cala | angrêmbagi ki dipati | alah iya besuk ing dina Jumuwah ||
2. payo padha anggitika | ing Cala baris Kumpêni | aja ing Rêbo wêkasan | anak ingong nora bêcik | lan maning
--- [f. 66r] ---
anujoni | ing Rêbo wêkasan iku | antèkêna sakêdhap | ing Jumungah padha gitik | Janêgara tan nganti wêlinging rama ||
3. baya wus karsaning Sukma | pinasthi têka ing jangji | anuju Rêbo wêkasan | mantrine ki adipati | kang nèng ngandhap prasami | mambêt kulit dagingipun | Ki Dipati Janingrat | kawan dasa gunging mantri | sampun kinèn Tumênggung Jayanêgara ||
4. iya padha bêdhilana | ing Cala baris Kumpêni | Janêgara yun wêruha | untabe ingkang Kumpêni | tan sêdya dèn tarungi | nging Wêlănda pinrih mêtu | lumampah prapta Cala | bêdhili baris Kumpêni | pinrih mêdal nanging sami nunggang jaran ||
5. aramya abêbêdhilan | dangu-dangu amêdali | sèkêt gunge winatara | sakêdhap dipun tarungi | nulya lumayu sami | Kumpêni padha amburu | ningali Janêgara | nèng gumuk tan sêdya jurit | mila nonton yun wêruh untab Wêlănda ||
6. rencangipun walung dasa | Kumpêni saya nyalêki | Janêgara was tumingal | lamun Kumpêni akêdhik | arsa tinubruk aglis | tan uninga ngajêngipun | yèn ana larènira | nandêr kapêngkok tumuli | ing lêlarèn kuda tan bisa lumumpat ||
7. Jayanêgara kabranan | wong Janêgaran tur uning [u...]
--- [f. 66v] ---
[...ning] | mring Ki Dipati Janingrat | katur mring Pangran Dipati | sarêng mirsa kang warti | kagyat Ki Janingrat jumbul | miwah Pangran Dipatya | samya kagyat dandan kambil | sêsandêran Janapura ingutusan ||
8. miwah pawèstri sadaya | samya sêsandêran nangis | gumêrah samarga-marga | sarêng prapta para èstri | angrubung anangisi | sêsambate amlas ayun | kang sami kadagingan | tawêkal kang nandhang kanin | tan sêsambat sarêng ta sampun alêmpak ||
9. kadang warganira samya | tuwa anom pêpak sami | lah ta sampun kadang ingwang | manira pamitan sami | miwah rama kiyai | nuwun pamit dika kantun | dipun pênêd ing wuntat | nglampahi pakaryan aji | Janêgara tan kuwawi nandhang brana ||
10. lalis dhisin binêcikan | kanjêng pangeran dipati | pangungunira kalintang | ngraos ical kanthinèki | rêmbagan siyang latri | anulya duta atur wruh | wus binêktanan surat | ingkang katur ing narpati | samarga tanya warti masuwur kathah ||
11. pêsanggrahan Toyagêsang | kangjêng sunan kang winuni | gangsal latri gangsal dina | nuntên Wiraguna prapti | lan Ki Wăngsanêgari | sowan dhatêng sang aprabu | duta sampun binêkta | wus cumundhuk ngarsa aji | duta Bantên ulap non kangjêng susunan ||
12. umatur Ki Wiraguna | kawula anuwun gusti | ămba ngunjuki uninga |
--- [f. 67r] ---
wontên ingkang duta prapti | sangking Bantên nêgari | kawan dasa kathahipun | inggih kautus sowan | dhumatêng sri narapati | gih punika sinuhun kang ămba bêkta ||
13. angandika sri nalendra | hèh duta Bantên sirèki | ya sira kinongkon apa | sang duta umaturnya ris | ămba dasih narpati | kinèn asowan sang prabu | dening rantên narendra | Sultan Bantên kang wêwangi | kang sapindhah ngaturakên guladrawa ||
41. Dhandhanggula
1. ingkang sêmbah bêkti myang tur uning | rantên sampeyan jurite tiwas | lawan Kumpêni mêngsahe | sing Bantên sampun kabur | kang dèn ungsi jajahan nagri | dalêm Nusakêncana | mangke rantên prabu | ngunjukakên pêjah gêsang | yèn tinampèn yun tunggil bathara aji | laywan malih wêlingnya ||
2. kula punika sunan minta sih | pan kinarya panêngran wasita | lamun katarima ture | rantên panduka prabu | ămba lajêng kinèn tut wingking | suwitèng sri nalendra | asuka sang prabu | alah iya sun tarima | aturira nulya kinèn bêkta bali | dhumatêng ing Mataram ||
3. Wiraguna nêmbah nulya amit | kang kawarna dutane Janingrat | katur tinimbalan age | sang duta awotsantun | kula ngutus putra nêrpati | tanapi pun Janingrat | sêmbah buktènipun | kalaywan ngaturi surat | wus kapundhut binuka ungêling tulis | punika sêmbah kula ||
4. putra paduka
--- [f. 67v] ---
Pangran Dipati | Anèm Mêngkunêgari Mêtaram | lan malih sêmbah bêktine | pun rama katur prabu | sasampuning punika aji | wiyos kula tur wikan | Janêgara lampus | tiwas aprang lan Wêlănda | ingkang baris ing Ngyogya kagyat sang aji | ngungun tigang pandurat ||
5. tan kêna ngling gêgêtun kapati | dyan mujar sunan wus karsaning Ywang | lah warahên putraningong | angukupa kang kantun | dèn prayitna kang kari-kari | duta amit wus kentar | dyan bodhol sang prabu | sawadyabala sadaya | masanggrahan Lèpènbanon gangsal latri | nulya badhol[88] susunan ||
6. jajahan Kêdhu kang dipun jogi | mêsanggrahan sunan ing Bêbêngan | anuntên budhal enjinge | mêsanggrahan sang prabu | desa Kêbon kaliwon uning | nulya injinge budhala |[89] masanggrahan Guntur | sakilèn baris Cacaban | lêt Pêragi enjinge budhal sang aji | lampah bala tinata ||
7. mangalèr lampah eca kang baris | masanggrahan sunan Kabeseran | anulya budhal injinge | makuwon Pandhansantun | injing badhol ngalèr sang aji | masanggrahan Manggora | jing bodhol gumuruh | ing Garêgês pasanggrahan | injing budhal Têlagawona wus prapti | sunan makuwon lama ||
8. wadya kêpang samya tata baris | sakèhing wadya samya prayitna | nanging sêmana sang rajèng | langkung sungkawa kalbu | tan sineba sampun alami | anèng Têlagawana | putêk manah anung | ana [a...]
--- [f. 68r] ---
[...na] rasane kang driya | waduaji ora nana ingkang tampi | nging Pangran Diwijaya ||
9. ingkang uning sêmuning narpati | rêrêmbagan lawan ingkang garwa | yayi mas sira sun taros | nalendra sukawa[90] gung | nora kêna sineba lami | dêdukane sang nata | saking tiwas ingsun | angawula sri nalendra | wus alama nèng Kêdhu sri narapati | ingong yayi tan bisa ||
10. angecani galihing narpati | mila sangêt rêngune maringwang | yayi ewuh têtambane | kang rayi nêmbah matur | ingkang galih sampun nampèni | kangmas sumăngga karsa | kawula tumurut | sampun angangge wêrana | sakarsane kakangmas kula udani | sampun mênggah punika ||
11. sanadyan awak kula puniki | sungkêm kula angabdi sampeyan | katur pêjah gêsang ingong | kangmas pangraos kalbu | măngsa mriha sampeyan ugi | alêbêtakên pêjah | dhuh pangraos ingsun | inggih kangmas kang minăngka | yayah rena Pangran Diwijaya angling | roning kamal wis tuwa ||
42. Sinom
1. Pangeran Adiwijaya | angrangkul dhatêng kang rayi | adhuh arèningsun êmas | nora sêja nora ngimpi | amanjingna ing sakit | iya yayi sêdyaningsun | dadia pangauban | sanake kang kari-kari | yèn kanggea dadi tirta tarulata ||
2. lah uwis yayi yèn lêga | adandana maskun ari | arinira rêsikana | manjinga pakuwon aji | mênawa [mêna...]
--- [f. 68v] ---
[...wa] anarêngi | rinira dadi panglipur | brăngta dukaning nata | kang rayi nêmbah wus manjing | angimur-imur kang rayi rara kênya ||
3. akathah pituturira | amrih lêgane kang rayi | wantune arine rara | sakarsa inggih nuruti | tan lêngganèng ing kapti | tinari nora sumaur | pan sampun rinêsikan | mindêl sarya mrêbês mili | yun lênggana lakung jrih manawi duka ||
4. dhasare ayu araras | mandah sampun abirai | kang cahya amindha wulan | sampun binêkta tumuli | manjing pakuwon aji | wus amarak mring sang prabu | sunan sampun kaduga | yèn kang raka nglipur wingit | sarêng mulat ningali èstri kumêsar ||
5. têka sênêng sri nalendra | tan bêya-baya[91] puniki | têtambane brăngta ngarang | sinamur-samur kang liring | kang raka matur aris | kawula sunan ingutus | de raka jêngandika | ngunjukakên pati urip | sangking tiwas tan sagêd anglipur brăngta ||
6. punika bilih sêmbada | kalawan galih narpati | ngaturjên[92] jampi asmara | rara dama sor kang warni | dados panglipur wingit | bilih marêngi sarêju | kalawan karsa nata | punika sunan kang warni | lare kang lênggah wingking dinuk ing tingal ||
7. ana karasèng ing manah | angandika sang nêrpati | bokayu sintên kang suta | sadhèrèk kula pribadi | wuragil sanès bibi | gih bokayu dika matur | kalangkung nuhun kula | sih mule kangmas mring mami | lah ta sampun bokayu andika
--- [f. 69r] ---
bêkta ||
8. lumêbu dika panggiha | lawan ari dika sami | măngsa bodhoa andika | dèn ayu lumêbêt aglis | wus panggih para yayi | agupita pan adangu | ngimur-imur ni rara | maksa nora purun kari | langkung nêlas pitutur kang para garwa ||
9. Dèn Ayu Adiwijaya | pamitan pan arsa mulih | jumênêng nulya cinandhak | sinjangipun dèn gendholi | mèh lungkar[93] nêniwasi | dèn ayu dhepok rinangkul | lir puyuh têtarungan | gumujêng kang para yayi | sunan mirsa têdhak saking palênggahan ||
10. pinêthukakên ing garwa | sunan ingaturan sandi | angandika asmu duka | gumujêng sri narapati | adhuh awêlèh yayi | wong duka tan mawi nêpsu | binawuran kang citra | bok inggiha gawe bêcik | nora sêmu yayi wong dora wêcana ||
11. sinuwun aris ngandika | iku apa anggègèri | gêgêthingku cilik mula | wèngwèng kal-wangkal kêpati | kang mirsa sami ajrih | ni rara têka tumungkul | kang raka sampun bênggang | saking jrihe tan tinolih | rara kênya gumêtêr ajrih kalintang ||
12. ingkang raka sampun mêdal | nulya sakèh para yayi | angimur-imur sang rêtna | adhuh mayo ari mami | kang duwe umah runtik | payo maring wismaningsun | padha tadhah dêduka |[94] sangking jrih sang dyah lumiring | sunan mèsêm tumingal sang dyah polahnya ||
13. rinêsikan pan udrasa | wêwah imbuh kaduk manis | dhasar ayu apêsaja [apê...]
--- [f. 69v] ---
[...saja] | karêngga busana adi | ujyalanya ngalingi | nayaka abuh abalut | wêwah cahya lir wulan | ingkang warna anglangkungi | dyah kang luwih lagya barai[95] ing sêkar ||
14. sarta birai ing sandhang | wus paès dening nglangkungi | wus dalu maksih udrasa | tan pêgat ingarih-arih | ngimur-imur tan lilih | samya kaku galihipun | para yayi sadaya | susunan tumêdhak ririh | duk jumênêng anèng burine sang rara ||
15. para garwa sami bubar | sêngadi pan padha ajrih | ana sandi atêtoya | ana kang ngawad asakit | akèh ginawe sandi | parêkan pating garubyug | nging kantun ni mas rara | andhepok anèng ing siti | saking ajrih nora bisa lunga-lunga ||
16. trênyuh manahing narendra | langkung awlas aningali | iki pagene udrasa | tinilar nora na mlasi | sapa baya kang asih | mas inggih yèn dudu ingsun | kang amupu wanodya | kawlas arsa anglangkungi | sarya ngêlus-êlus wènine ingatap ||
17. angur mindêla rèningwang | wong nangis tan olèh kudhi | tuwas srêt syara alara | eman balut sutya lindri | uwis yayi ja nangis | patakan wingit ngundang kung | dyah kancilên tan ngucap | gumujêng sajroning galih | jêng susunan sang dyah anukmèng ing nala ||
18. dhuh si kakang kaniaya | tan wande ingsun ngêmasi |
--- [f. 70r] ---
kaya priye polah ingwang | datan wande manggih lalis | dhuh rama ibu mami | tingalana kawlas ayun | sinambut sang kusuma | gumêtêr sarira ajrih | angewani asêndhu lumuh ngasmara ||
19. miwal karsa nora kêna | ingêmban ingarih-arih | binêkta dhatêng paprêman | sampun tumangkêb kang samir | susunan nyrênggarani | dhuh pangeran jiwaningsun | satmatanên sun mirah | apa tan sudi ing mami | êla-êlaningsun saking kinanthia ||
43. Kinanthi
1. maring sira agung wuyung | andêlên sih ingsun ugi | nora nyana ingsun mirah | yèn sira sukma kapanggih | mugi ta yayi tulusa | anatmata maring mami ||
2. baya tan sudi rèningsun | ngong mirah kandhuhan kingkin | dhuh gustiningsun Pangeran | kang amindha roning sari | baya ingkang mindha-mindha | wulan purnama angalih ||
3. sang dyah pinandêng wus lipur | tutut kanyut ingkang ati | wus kêna asmaragama | kumêsar manah kumitir | jinum lêjar ingkang manah | sa dyah matur èsmu isin ||
4. tanpa bapa tanpa babu | kawula tinilar bibi | angandika jêng susunan | iya ingsun ari mami | kang minăngka yayah rena | andêlên sih ingsun yayi ||
5. pinandêng tingaling prabu | sarya angaras panêpi | sang dyah pan sampun kantaka | kêna ing asmaragati | langkung awlas jêng susunan | sinotyanan sang dyah dèwi [dè...]
--- [f. 70v] ---
[...wi] ||
6. wus wungu ingimur lipur | sampun tutut sang dyah dèwi | wus lêga galih sang nata | datan kawarna wus latri | ni rara sampun anendra | tinilar ngapit gêguling ||
7. tan kêna nendra sang prabu | kemutan raosing galih | dènira cangcangan yuda | anênêdha ing Ywang Widi | têngah dalu wayahira | norana jalma udani ||
8. Ki Dulkadir tinap rawuh | sowan dèn timbali prapti | raosan agama mulya | miwah pratingkah dumadi | sunan dangu ing lampahan | Ki Dulkadir matur ngaji ||
9. dening rêntêng nagri prabu | norana kêna dèn ungsi | liya agama kang mulya | mugi têtêpa ngagami | yèn prabu têtêp agama | mêsthi tulus dadya aji ||
10. anut sêbda sunan tuhu | Dulkadir kinèn nulungi | anênêdha ing Pangeran | tulusa jumênêng aji | wus nuwun amit linilan | Ki Dulkadir mantuk aglis ||
11. kawarnaa ingkang kantun | susunan tan arsa guling | kang kacipta nging Yyang Sukma | trêrus tingale narpati | tan ana amoring cipta | nging Sukma Kang Mulya Êning ||
12. enjing sineba sang prabu | pêpêkan para bopati | miwah prajurit sêntana | angandika sri bupati | hèh iya kawulaniwang[96] | ing Kêdhu apa wus radin ||
13. umatur para tumênggung | inggih kang êlèr wus radin | kantun kang cêlak Cacaban | di dalêm têksih ngladosi | yèn mêngkono karsaningwang | sira Jadirja
--- [f. 71r] ---
sun tuding ||
14. anindhihana wong Kêdhu | ajakên Si Brajamusthi | wetan Ngele Wiradigda | Măndraka Kulonpêragi | dèn tindhihana milua | wong têlu mintara gipih ||
15. padha rusakên sadarum | wong Jawa kang padha baris | kang mondhok anèng Cacaban | kabèh sajabaning biting | sandika mangkat katiga | wus lêpas dènnya lumaris ||
16. lampahipun saput dalu | ing Payaman sampun prapti | sêpi samun tanna wikan | samya lumampah abaris | wus prapta ing pabitingan | awor lawan mêngsah aglis ||
17. anulya anjujug gupuh | Mangkuyuda pondhoknèki | dipun icir dhatêngira | pondhok Cacaban wus wradin | wus kawongan dening wadya | wau ta kang lampah maling ||
18. kang culika wus lumêbu | pondhok wêradin dèn mori | prayitna sapradangdanan | asandi angamèt gêni | iku wong ing ngêndi baya | minta gêni saurnèki ||
19. manira ta padha batur | ya jalma sira wong ngêndi | manira wong Wiradigdan | sing desa kawêngèn margi | sinungan gêni tinampan | angadêg dènnya nampani ||
20. kang asung gêni ngling sêndhu | bok adhodhok sira iki | apa eman bagusira | rencange ngucap sawiji | lah dèn inggal tabokana | jajalên durma nglampahi ||
44. Durma
1. sarêng ngadêg sinuduk wus kapisanan |
--- [f. 71v] ---
alok kang anèng jawi | payo aja wangwang | wong Kapilih sadaya | tanapi wong Sokawati | gêlarmu lawas | ngamuk aja gumingsir ||
2. ingobongan pondhok langkung kagegeran | sakèh para bupati | tan bisa tulunga | dipun amuk piyambak | sarta pondhok dèn abongi | langkung kasêsa | palayune kapati ||
3. gumarudug bêdhile wadya Mataram | mêngsah nora malêsi | ingkang ngamuk rampak | ingkang kacandhak pêjah | kang gêsang aniba tangi | akuthatharan | bupati mor wong cilik ||
4. aja mura amêsthi lamun palastra | palayune kapati | kasêsa kèh tilar | dunya ngungsèkkên gêsang | nak rabi nora tinolih | wênèh wawuda | tan nyangking kêthah-kêthih ||
5. wong madati lumayu mung jagaraga | cinangking kontang-kanting | pondhok sampun têlas | sajawine bitingan | wong lumayu samya ngungsi | biting Wêlănda | atêtêl buh gonèki ||
6. panyananira sunan ingkang tumindak | wong Kumpêni miranti | alit manahira | anulya anyênjata | mimis abor[97] kang kinardi | katon sadaya | ingkang nèng jawi biting ||
7. kang angamuk pan padha mundur sadaya | asowan ing narpati | tan pêgat bêdhilnya | jroning biting wurahan | sawêngi nora dèn gopi | kantos byar
--- [f. 72r] ---
rina | kang mundur sampun prapti ||
8. ing Talagawana samya sowan nata | katur lampahe sami | biting ing Cacaban | Jawi risak sadaya | bandhangan kèh katur ngaji | sunan asuka | sêdhêng lagya siniwi ||
9. pêpak samya nangkil jêng sunan ngandika | hèh sakèh wadya sami | ingsun pan akarsa | tindak mring Pakalongan | arsa angrata pasisir | norana rêmbag | ing wingking dèrèng radin ||
10. mêngsah têksih kathah ngandika jêng sunan | mulaningsun tindaki | marang ing Ngastina | baris kabèh nolèha | ngumpula dadi sawiji | ènthèng sinăngga | jêmbar pasaban mami ||
11. wadyaningsun enak yèk sun balènana | kêncênge karsa mami | nora awêkasan | kaprèhe sira Răngga | Jayadirja ingsun tari | Mas Răngga nêmbah | nuwun mênggah pun dasih ||
12. lumiring karsa nadyan pêjah gêsanga | awora lawan siti | sumăngga ing karsa | nging wadya Sokawatya | ature amagok sami | sakarsa nata | kathah dinamêl sandi ||
13. kang satêngah sandi têlas sangunira | wontên sandi alami | pisah anak garwa | arèrèna sakêdhap | ing benjang sakarsa aji | mila kawula | susah tan sagêd mikir ||
14. yèn tinilar dening wadya Sokawatya | tan kuwat ngangkat kardi | nging dhatêngkên [dha...]
--- [f. 72v] ---
[...têngkên] tisna | ămba dhatêng narendra | angandika sri bupati | hèh Răngga gampang | nulya dèn patêdhani ||
15. yatra gangsal atus kathahe sêdaya | ginanjarkên ing dasih | wadya Sokawatya | Bugis Wangsul sadaya | wus dinum sampun waradin | prasamya eca | dhèrèk karsa nêrpati ||
16. enjing budhal sri nalendra saha bala | sumahab bala alit | sampun masanggrahan | wasta ing Palimbungan | injingipun budhal malih | wus masanggrahan | Lêmpuyang arannèki ||
17. injingipun budhal malih masanggrahan | wasta ing Wanagiri | sajawining rangkah | nuntên injinge budhal | Karangwaru sampun prapti | amasanggrahan | enjinge budhal malih ||
18. sri nalendra masanggrahan nèng Têmpuran | antawis kalih latri | sigêgên kocapa | nêgara ing Sêmarang | sampun mangke mirsa warti | lamun susunan | akarsa amasisir ||
19. kagegeran wau nêgara Sêmarang | dhasar manah wus alit | jalma ingkang kaya | wus angili sadaya | gupênur utusan aglis | marang Ngungaran | ngundang wadya Kumpêni ||
20. kang abantu Ngungaran kinèn mundura | pranète dèn kon mulih | lan Kumpêni usar | kang kawon kala Jênar | lakune mêdal Tatêgil | kinon ajaga | Pêkalongan nêgari ||
21. sampun [sa...]
--- [f. 73r] ---
[...mpun] mangkat dutanya prapta Ngungaran | gancangira tinuding | wus têlas sadaya | gupênur wêlingira | pranète budhal tumuli | kalawan usar | pranète kang nindhihi ||
22. Arung Galesong tur iku naking raja | dhatênge dèn suruhi | de wadya Wêlănda | lakune mêdal Têgal | datan kawarna ing margi | pan sampun prapta | Ngastina jalma kikin[98] ||
45. Asmaradana
1. amondhok laji[99] pasisir | kinèn jaga Pakalongan | lawan angrêksa Rahadèn | Adipati Jayaningrat | tan ingandêl Walănda | jêng susunan karsa rawuh | Janingrat tinarka ngundang ||
2. rintên dalu dèn jagani | binarisan bilih kentar | tan kêni kesah wong akèh | lamun latri linanglangan | agawe undhang-undhang | aja na ngili sadarum | sarupane wong Ngastina ||
3. kalamun ana kang ngili | amasthi ginawe lunas | kang angrayah wong pranète | ginawe sandi kewala | dening ingkang rinêksa | Radèn Janingrat satuhu | sabên dalu ingubêngan ||
4. lir dèn rès nradèn[100] dipati | anulya akarya cidra | sarta agawe gunane | wus anduta mantrinira | wasta Sutadiwirya | panakawan wulucumbu | kinèngkèn sowan nalendra ||
5. sarta [sar...]
--- [f. 73v] ---
[...ta] ginawanan tulis | ingkang konjuk ing susunan | lamun arsa nungkul mangke | abêkti dhatêng susunan | ngunjukkên pêjah gêsang | Radèn Janingrat wus guyub | lan sunan ngaturan inggal ||
6. nuntên angancika aji | nagri dalêm ing Ngastina | sampun putus sawêlinge | duta egal sampun mangkat | kang jaga langkung yitna | witning ingkang cidra langkung | dening duta sampun kintar ||
7. kang jaga datan udani | lêstantun kang punang duta | tan têka gèn sowan rajèng | ebat dening ing pawarta | kèndêl wontên ing tinap | Dèn Janingrat anèng pukur | ing Sidayu binitingan ||
8. wana dipun barubuhi | de wong Batang wong Ngastina | kang atêngga pêpatihe | Batang aran Sindujaya | Ngastina Mangundirja | wus amirsa sang aprabu | yèn margane binitingan ||
9. lampahan sadalu margi | kangjêng sunan dalu budhal | Mas Răngga dhingin lakune | sakancanira sadaya | kinèn rêbat bitingan | nging kasasar lampahipun | wus kadhinginan susun |[101]|
10. lumayu kang têngga sami | bitinge sampun karêbat | sadalu makuwon rajèng | ing Sidajêng kang kocapa | kang lumayu tur wikan | dhatêng Dyan Janingrat iku | Cakrajaya Jayèngrana ||
11. sampun têlas aturnèki | langkung kasêsa ing manah | ngandêlkên ing utusane [utusa...]
--- [f. 74r] ---
[...ne] | kasêsa susunan prapta | samya rêmbug amapag | mring laji duta tur wêruh | tinarka agawe cidra ||
12. tan ingandêl ing Kumpêni | Dèn Janingrat sakit nala | pinrêm ing jro wêrdayane | wadya wus pêpak sadaya | sadangdanan ayuda | budhal bupati têlu |[102] rêmbuge dados satungg |[103]|
13. ing Lêba kang dèn barisi | sakidulipun ing Batang | winuni sunan lampahe | enjingipun sampun budhal | kang baris ingingêran | kitha kang karsa jinujug | baris nora tinarajang ||
14. Radèn Janingrat mayarsi[104] | yèn barise ingingêran | nulya kasêsa lampahe | binênêr ing pasabinan | lawan Ki Cakrajaya | Jayèngrana batên tumut | lakune mêdal ing kitha ||
15. abdi dalêm kang pangarsi | sarêng prapta lampahira | layan Dèn Janingrat mangke | sabin masin kidul kitha | wau gène kapapag | radyan dipati agupuh | anduta kabayanira ||
16. kinèn ngegalakên aglis | Cakrajaya Jayèngrana | ing wingking campuh yudane | dèn dipati lan pangarsa | tan dangu dènnya yuda | sinêrod sampun lumayu | wong jaba buru sadaya ||
17. jêng sunan taksih atêbih | kang dhèrèk wong jro sadaya | lawan Mas Rong[105]
--- [f. 74v] ---
kalihe |[106] tiga Tumênggung Jadirja | abdi dalêm pangarsa | lajêng mring kitha sadarum | bubar tatane ngrêrayah ||
18. dalême radyan dipati | dunyanipun taksih wêtah | sadaya tinilar bae | sakêlangkung kathahira | tan kantos ngrayah jaba | kawratan sawêrninipun | di dalêm kalangkung suka ||
19. rêrêbutan wadya sami | wênèh ana kakrêrêngan | kang tuk kèh wong cili bae | dènnya ngrêrayah kawratan | tanbuh dèn pilih ika | bucal malih mêndhêt agung | kalangkung ta dening suka ||
20. mêngsah nora dèn rawati | di dalêm bubrah tatanya | katungkul angrayah bae | nora nyana pisan-pisan | ana mungsuh Wêlănda | tarkanipun sampun larut | dening undure akêbat ||
46. Durma
1. nulya wontên mêngsah bingung lagya prapta | kêbayan kang dèn tuding | ngundang Cakrajaya | wus untung nora kêna | wus amamor lan wadya ji | pundi bêndara | rahadèn adipati ||
2. Jayaningrat sami graita yèn mêngsah | wus kinêpang kang prapti | rinampog palastra | wadya ura ngrêrayah | kang kocap wadya Kumpêni | nglaji kang dangdan | nambur wadya Kumpêni ||
3. pitung puluh kathahe Wêlandi usar | lèr ngalun-alun prapti | gègèr kang rêrayah | alok Kumpêni prapta | rayahane dèn buwangi | prasami mêdal [mê...]
--- [f. 75r] ---
[...dal] | wantu têtiyang alit ||
4. wadya ura anging kang para dipatya | kang ngalêmpak prasami | Dyan Suryanêgara | Tumênggung Wiradigda | Singaranu lawan malih | Mangunkusuma | Jagalatan tut wingking ||
5. lawan magang wasta Radèn Jayèngrana | lan Kaji Tapsirodin | sarêng panêmpuhnya | rampak padha sudira | sadaya tan angrasa jrih | para dipatya | samya tatal nrang wèsthi ||
6. samya majêng Kumpêni bupati mangsah | dyan campuh samya jurit | ngalun-alun gènnya | sarêng ngêdrèl Wêlănda | lir gunung têmpuh samyardi | kang ngamuk rampak | samya uwos kang jurit ||
7. nora kèndêl drèl muni kang ngamuk sura | nora ajrih ing bêdhil | ngawaki piyambak | sakèh para bupatya | palagan pêtêng ngalingi | kang jaladara | di dalêm ngamuk wani ||
8. nora wawang tan tinolèh wadya pêjah | ngabên tumbak lan kêris | Kumpêni kèh pêjah | tinumbak ting galimpang | bêdhil wus norana muni | pêdhang lan tumbak | campuh ulêt kang jurit ||
9. wus kalimput Kumpêni akathah pêjah | kang kantun samya nolih | ngalèr palajêngya[107] | sakawoning Wêlănda | nulya Galesong nulungi | wong kalih bêlah | wau kang dèn tindhihi ||
10. wong pranète prasamya andêling yuda | ngagêm bêdhil lan lêmbing | wong ngêre ing ngarsa | sadasa pamuking [pa...]
--- [f. 75v] ---
[...muking] prang | adan campuh kang ajurit | ambal-ambalan | kang aprang rame malih ||
11. langkung awor tanbuh mungsuh lawan rowang | angrok asilih ukih | bêdhil mêngsah pêdhang | dhuwung mêngsah kulewang | lêmbinge nora ngabêri | surak lir gêrah | wong Mataram padha mrih ||
12. numbak mêdhang mangêris Bugis kèh pêjah | dhepok nora gumingsir | prang amor aramya | Radèn Suryanêgara | mangsah ngamuk ngowak-awik | kathahên lawan | kêni kempol tan titis ||
13. Wiradigda kêni dhadhane tan pasah | ki kaji ngamuk kêni | tatas kulitira | tulung Dyan Jayèngrana | ngamuk tanganipun kêni | kathahên mêngsah | kundur sakèh bupati ||
14. nuntên dhatêng Pangeran Adiwijaya | lan Măndaraka pulih | kasèp datan mangsah | dadya amor kewala | mêngsah nora purun ngukih | adhêp-adhêpan | gêgêr sakèhing Bugis ||
15. ngalun-alun gènnya ngrasang[108] kathah pêjah | jêng sunan kang winuni | agêlak ing wadya | kang nèng ngarsa Mas Răngga | Jadirja lan Saragêni | têngên lan kiwa | kumpul sakăncanèki ||
16. dyan wus kumpul Mas Răngga lan Jayadirja | miwah sakèh Saragni | lan para bupatya | kang kawon dènnya yuda | Mas Răngga atanya aris | tingkahing yuda | jinarwa sampun ênting ||
17. kidul kilèning alun-alun gènira | dhêdhêp para bupati | kèndêl punang [pu...]
--- [f. 76r] ---
[...nang] mêngsah | jro ngalun-alun gènnya | sawarnine wadya aji | aprajangjian | aja na kang gumisir ||
18. sampun rêmbag nuntên Mas Răngga angucap | yèn sami nyuwawèni | manira têkiyar | dening kangjêng pangeran | lan sakèh para bupati | angajêngêna | mêngsah aja gumingsir ||
19. sampun majêng sampun mundur dèn akêkah | inggih samya ngrêmbugi | nulya samya mapan | nuntên Mas Răngga ngetan | Jadirja lan Saragêni | ingkang tut wuntat | mêngsah dipun ingêri ||
47. Pangkur
1. tumamèng pungkuring mêngsah | sarêng nêmpuh mêngsah kagèt anolih | adan campuh ngalun-alun | rame gènira aprang | bêdhil-binêdhil sarêng lir grah kapitu | pêtêng dhêdhêt alimunan | dening kukusing sundawi ||
2. acarub ingkang ayuda | mêngsah panggah nora nana gumingsir | sigra Mas Răngga angamuk | Saragni lan Jadirja | sarêng nganyut urip pyuh akèh kang lampus | manumbak ngêris amêdhang | mêngsah kagêk akèh kêni ||
3. Bugis samya taksih panggah | witning ingkang ngamuk angorak-arik | Mas Răngga kenging lêlatu | nanging nora rinasa | rencang pêjah satunggil batên kadulu | ingkang atatu sawêlas | nanging nora nana miris ||
4. sangsaya [sang...]
--- [f. 76v] ---
[...saya] pangamukira | numpêr-numpêr lir banthèng nandhang kanin | langkung carub pêrangipun | rame ulêt-ulêtan | Wiradika sêmana gènira lampus | nulya mêngsah ingingrêran | dening wadya Saragêni ||
5. Wirasêtra olèh papan | ing pomahan pêrnahe kilèn margi | makolèh panggenanipun | gumrudug kang sênjata | kathah pêjah mêngsah kawon sampun mundur | lampahipun alon-lonan | gamêlane têksih muni ||
6. lajêng kaêsuk kewala | punang mêngsah undure ngungsi laji | kang bujêng lajêng tut pungkur | mêngsah nglaji tinilar | nabrang lèpèn mangilèn pêpurugipun | sasak sampun sinabrangan | sêntolo dipun tatasi ||
7. mêngsah ngungsi gêdhong bêras | ingkang bujêng Ki Mas Răngga winarni | sami kèndêl lampahipun | èwêd kalangan toya | kang kocapa kangjêng sinuhun kang rawuh | katur yèn awrat kang mêngsah | ginêlak lampah prajurit ||
8. ingiring wong Suranata | Bugis Kapilih sinrêg lampahe nuli |[109] Jayèngrana katur prabu | yèn tiwas kanin aprang | kinèn ngundurakên dening sang aprabu | nalendra dangu kang mêngsah | ing mêngko mungsuh na ngêndi ||
9. katur wus kawon kang mêngsah | abdi dalêm pun Răngga kang nanglêdi | binujêng sakawonipun | lajêng sri naranata | sampun rawuh ngalun-alun sang aprabu |
--- [f. 77r] ---
punang mêngsah sampun nyabrang | sêntolo dipun tatasi ||
10. nalendra ngumpulkên wadya | Kemas Răngga pan sampun dèn timbali | pêpak anèng ngalun-alun | sakathahing bupatya | myang Saragni sadaya sampun akumpul | miwah Pangran Diwijaya | mêngkana sri narapati ||
11. bupati kang sami tiwas | ingkang kanin pinirsa ing sang aji | Dyan Suryanêgara katur | kanin kempol tan pasah | Wiradigda katur kanin dhadhanipun | tiningalan datan pasah | ki kaji nora ngênèni ||
12. Mas Răngga sampun pinirsa | dènnya kanin katingalan rah mijil | kabarèbèd baunipun | anulya sri nalendra | angandika iya sakèh wadyaningsun | miwah kangmas Diwijaya | padha sun tari ing pikir ||
13. gumêrgêt sri naranata | dening bupati kathah kang nandhang kanin |[110] lakung duka sang aprabu | sira padha lèh karya | sarupane anging ta kari wak ingsun | kang durung aolèh karya | mêngsah pan arsa sun gitik ||
14. Kumpêni ing gêdhong bêras | langkung kewran ingong tan olèh margi | nuntên wontên magang matur | margi ingkang prayoga | nyabrang ngigil[111] dados mêdal sangking pungkur | kalayan panggenan mêngsah | langkung suka sri bupati ||
15. anulya karsa anabrang | Pangran Adiwijaya matur ing aji |[112] sunan tanggêl sampun [sa...]
--- [f. 77v] ---
[...mpun] dalu | lan wadya sampun sayah | botên kangmas nagasesa jênêng ingsun | yèn batên linantasêna | anulya para bupati ||
16. kang kawon wau punika | ingandikakên[113] dadi pangarsi |[114] angandika sang aprabu | aja na wong pêpeka | angandika malih ta kangjêng sinuhun | hèh Răngga sira mundura | Mas Răngga matur ngabêkti ||
17. anuhun duka nalendra | taksih kuwat pun dasih angangkat kardi |[115] ămba datan arsa mundur | yèn mêngkono lah Răngga | ingsun arsa nyabrang ngulon mêtu dhuwur | ngong gitike têka wuntat | sira karia nyêmangi ||
18. Mas Răngga matur sandika | sri nalendra nyabrang mêdal ing nginggil | Dyan Mas Răngga nulya campuh | bêdhilan lêt bêngawan | punang mêngsah sakeca gènnya atarung | tan uning lamun susunan | agitik sangking ing wuri ||
19. Mas Răngga angage[116] tiktak | bandhangan satunggal duk aprang nguni | dyan wontên abdi kang sagup[117] | wasta pun Kalayuda | pan kadugi anyulêd tiktan[118] dyan gupuh | pinasang mring Kalayuda | sinulêd tiktak glis muni ||
20. ping kalih saya alena | sarêng ping tri Kalayuda bilai | kabrongot rêrainipun | merang sambat alara | nora tara wadya Jawi sarêng
--- [f. 78r] ---
nêmpuh | Wêlandi lan wong Mêkasar | kagyat nolèh campuh jurit ||
21. arame dènira aprang | Kumpni Bugis kapêngkok panggah sami | bupati kawratan mungsuh | jêng sinuhun tumingal | abdi dalêm lêbêt sinêrêg sadarum | anjêjêl sangking ing wuntat | mêngsah panggah tan gumingsir ||
22. Bupati Jawi sadaya | sampun mingêr anêmpuh saking kering | Kumpêni ingkang tinêmpuh | arame dènnya aprang | sampun dhadhal Kumpêni samya lumayu | wong Trênete têksih panggah | wadya jro nêmpuh tumuli ||
23. bupati bêrêg Walănda | abdi dalêm campuh lawan wong Bugis | apanggah norarsa mundur | abdi dalêm asura | nora wangwang arame dènira campuh | sunan nêrêg sangking wuntat | arame dènira jurit ||
24. bêdhile lir gunung rêbah | yèn pinirsa lir ombaking jaladri | abdi dalêm samya grêgut | langkung rame kang yuda | abdi dalêm tan olèh samya angamuk | sampun pêjah kang sinapan | atarung tumbak lan lêmbing ||
25. pêtêng dhêdhêt alimunan | jaladara ngalingi sang yang rawi | samirana ingkang rawuh | sumriwing sumrah wadya | pratandhane prabu mênang pêrangipun | sampun carub pêrangira |
--- [f. 78v] ---
wadya matang myang angêris ||
26. anjêjêl wadya Mêtaram | têtumpêsan Makasar akèh mati | kajawine ingkang lampus | samya gêbyur ing toya | nging sawiji marajol[119] Wêlandinipun | sakarine wong Makasar | gêdhong kêbon kang dèn ungsi ||
27. abdi dalêm ingkang tiwas | papênêde Kapilih ingkang mati | Suranata ingkang lampus | ingkang nyêkêl bandera | abdi dalêm pan akathah ingkang tatu | nora sangsaya mirisa | mêngsah arsa dèn suk wani ||
28. anandêr sri naranata | wadya sura sêdaya dèn ampahi | iya dèn ririh karuwun | kang sura samya mênggah | amiyarsa pangandika sang aprabu | lah iya aja pêpeka | padha kêpungên dèn ririh ||
29. sang rêtnaning prang ngandika | yèn sira suk iku abêbayani | anulya sami kinêpung | jêng sunan angandika | timbalana bupati kang anèng ngayun | ingkang abrêrêg[120] Walănda | kang tinuding mintar aglis ||
30. bupati wus dhinawuhan | sami wangsul tumut ngêpung sira glis | samya prayêtna[121] ing kewuh | pan kantos bakda Ngisa | kang kinêpung sampun alit manahipun | sadaya arsa nungkula | anulya dipun parani ||
31. ngabên padha bangsanira | pun Juwana Bugis [Bu...]
--- [f. 79r] ---
[...gis] sira narpati | sadaya sampun tinanggung | dêdukaning nalendra | sampun têluk sakarine ingkang lampus | Arung Galesong wus sowan | Karaèng Dhaèng tut wingking ||
32. rencang satus kirang tiga | ingkang kari sadaya nungkul sami | arsa nyabrang sang aprabu | nuntên amangun sasak | ingkang wetan Mas Răngga ika kang nambut | kangjêng sinuhun pinarak | wong anom sowan ing ngarsi ||
1 | sênapan (dan di tempat lain). (kembali) |
2 | riris (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | Biasanya guru lagu i: atindhih. (kembali) |
4 | mêngsah. (kembali) |
5 | ingkang (dan di tempat lain). (kembali) |
6 | minggah (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | sakutu-kutuning. (kembali) |
8 | Kurang dua suku kata: samya pisah lampah dhewe-dhewe. (kembali) |
9 | gêtêr (dan di tempat lain). (kembali) |
10 | hyang. (kembali) |
11 | sumorot (dan di tempat lain). (kembali) |
12 | mangko (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | rarywan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
14 | langkung. (kembali) |
15 | Tulisan Jawa kurang tepat: pepet cecak dan suku. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: Ki Tumênggung Ănggawăngsa. (kembali) |
17 | rêmbagnèki. (kembali) |
18 | mangsah. (kembali) |
19 | anggusthi. (kembali) |
20 | drêgundrê (dan di tempat lain). (kembali) |
21 | mumpung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
22 | kang (dan di tempat lain). (kembali) |
23 | Asmaradana. (kembali) |
24 | ingunggahkên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
25 | Indiya. (kembali) |
26 | nganggo (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
27 | mangke (dan di tempat lain). (kembali) |
28 | Rema. (kembali) |
29 | Pada pupuh Pucung ini terdapat variasi guru lagu untuk gatra ke-3 (lihat juga: pupuh 21 di atas). Pada gatra ke-3 terdapat guru lagu e dan o (dua kali), dan tidak ada guru lagu i yang sesuai dengan aturan tembang macapat pada umumnya. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan kaki. (kembali) |
30 | sing. (kembali) |
31 | Kurang dua suku kata: aprang rame mêngsah. (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata: prawira angati-ati. (kembali) |
33 | pinggir (dan di tempat lain). (kembali) |
34 | siniwi. (kembali) |
35 | Ngabèi. (kembali) |
36 | sakiduling. (kembali) |
37 | ungkur-ungkuran. (kembali) |
38 | Kurang satu suku kata: dèrèng anyabrang. (kembali) |
39 | gumludug. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: lumakyèng toya prasami. (kembali) |
41 | enggar (dan di tempat lain). (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata: lir mong rêbut burukan wadya aji. (kembali) |
43 | ting. (kembali) |
44 | carêngkling. (kembali) |
45 | nging. (kembali) |
46 | drêgundêr. (kembali) |
47 | Ănggawăngsa. (kembali) |
48 | asêla-sêla. (kembali) |
49 | anggunggung. (kembali) |
50 | martèkkên = martèkakên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 224.80.2). (kembali) |
51 | Kurang satu suku kata: tur sarwi amuwus. (kembali) |
52 | wacana. (kembali) |
53 | anglêboni. (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata: nadyan kèha kusuma têdhak Mêtaram. (kembali) |
55 | Kurang satu suku kata: jêng sunan budhal ngetan. (kembali) |
56 | rong. (kembali) |
57 | asiluman (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
58 | gumingsir (dan di tempat lain). (kembali) |
59 | tut wingking. (kembali) |
60 | Kurang satu suku kata: baya wus karsaning Sukma. (kembali) |
61 | Kurang satu kuka kata: tan arsa lama nèng dunya. (kembali) |
62 | Biasanya guru lagu i: jalmi. (kembali) |
63 | nglarakkên (dan di tempat lain). (kembali) |
64 | kagagas. (kembali) |
65 | Kurang dua suku kata: wong loro anom-anom tur sigit. (kembali) |
66 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
67 | gumingsir. (kembali) |
68 | Tulisan Jawa kurang tepat: pasangan ma dan pasangan pa cerek. (kembali) |
69 | Lebih satu suku kata: sarira mor tunggal tan pisah uni. (kembali) |
70 | Lebih satu suku kata: luhung kula gusti tarutus abdi. (kembali) |
71 | walangati. (kembali) |
72 | Lebih dua suku kata: tata lumbungan Kumpni myang wong Jawi. (kembali) |
73 | sapambêdhil. (kembali) |
74 | karocok. (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata: dhêdhêg kewala kadya wong ningali. (kembali) |
76 | Lebih dua suku kata: wus anandêr maos Kumpêni mati. (kembali) |
77 | pistul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
78 | Lebih satu suku kata: Kapilih siji mati tan tinolih. (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata: kang ngamuk kalawan kêris. (kembali) |
80 | Lebih satu suku kata: jêng sunan awor lan wadya. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: lah êndi sunan sêdhêng mati mami. (kembali) |
82 | Lebih satu suku kata: kang pêjah kang urip lumayu gusis. (kembali) |
83 | Lebih satu suku kata: têtumpêsan siji norana kari. (kembali) |
84 | mangke (dan di tempat lain). (kembali) |
85 | bandera. (kembali) |
86 | dening. (kembali) |
87 | dhêdhêp. (kembali) |
88 | bodhol (dan ditempat lain). (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata: nulya injinge budhal. (kembali) |
90 | sungkawa. (kembali) |
91 | baya-baya. (kembali) |
92 | ngaturkên. (kembali) |
93 | lukar. (kembali) |
94 | Tulisan Jawa kurang tepat. (kembali) |
95 | birai. (kembali) |
96 | kawulaningwang = kawula + ingwang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
97 | obor. (kembali) |
98 | kingkin (dan di tempat lain). (kembali) |
99 | loji (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
100 | radèn. (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: wus kadhinginan susunan. (kembali) |
102 | Kurang satu suku kata: budhal bupati têtêlu. (kembali) |
103 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: rêmbuge dados satunggal. (kembali) |
104 | miyarsi. (kembali) |
105 | Răngga. (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata: lawan Mas Răngga kalihe. (kembali) |
107 | palajêngnya. (kembali) |
108 | ngrangsang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
109 | Lebih satu suku kata: Bugis Kapilih sinrêg lampah nuli. (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata: de bupati kathah kang nandhang kanin. (kembali) |
111 | nginggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata: Pangran Diwijaya matur ing aji. (kembali) |
113 | ingandikakkên (dan di tempat lain). (kembali) |
114 | Kurang satu suku kata: ingandikakakên dadi pangarsi. (kembali) |
115 | Lebih satu suku kata: taksih kuwat pun dasih ngangkat kardi. (kembali) |
116 | angangge (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
117 | sanggup (dan di tempat lain). (kembali) |
118 | tiktak. (kembali) |
119 | marojol. (kembali) |
120 | abêrêg (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
121 | prayitna (dan di tempat lain). (kembali) |