Babad Sultanan, British Library (Add MS 12288), 1809–16, #1017 (Pupuh 048–069)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 79r lanjutan] ---
48. Sinom
1. prajurit prayêtna kêpang | nèng ngarsa para bupati | gupita tingkahing yuda | eca ngandika sang aji | nuntên wontên Wêlandi | satugil dhêlik garumbul | sinogokan wus mêdal | alok ikang[1] wadya sami | wus cinêkêl Wêlănda katur nalendra ||
2. kangjêng susunan ngandika | hèh ya wong kawula mami | sira bonga gêdhong bêras | dèn akêbat ja na kari | wadya mintar ngabêkti | nulya dèn abong sadarum | wau wontên Wêlănda | satunggil dhêlik anjêngking | gêdhong bêras sangking jrih tan purun mêdal ||
3. kobong kantos babak bunyak | kuningan sinèrèd mijil | wus katur dhatêng susunan | langkung suka sri bupati | arsa tindak sang aji | sasak dadya nabrang
--- [f. 79v] ---
sampun | sawadyabala kathah | anulya kasaput wêngi | masanggrahan ngalun-alun ing Ngastina ||
4. injinge Bugis sadaya | kang anungkul dèn imbari | nulya ngabdèkkên ngapura | sakèhe gêgamannèki | pinaringakên sami | sakêlangkung bêktinipun | padha enak tinira | Galesong ginawe mantri | abdi dalêm kang pêjah wus binêcikan ||
5. nora lama antawisnya | sêdhênge sunan tinangkil | pêpêkan para sêntana | bupati miwah prajurit | hèh sakèh wadya mami | arsa apindhaha ingsun | makuwon jaban kitha | pamrih sun trêpa wong mami | wong Ngastina kang kintar padha muliha ||
6. balia mring umahira | sudagar lawan wong tani | kang maryayi ngakat[2] karya | miwah ta kabèh wong cilik | enaka atinèki | lan adhi Janingrat iku | elinga kadang ingwang | lan padha agama suci | wadya aji kang raka ture prayoga ||
7. nulya kinèn atêngara | gubyar tambur lawan bèri | wus kumpul wadya sadaya | nulya budhal sri nêrpati | masanggrahan ing Bèji | sapasar antaranipun | susunan wus anduta | agandhèk kang mundhi tulis | paringêna ing Pangran Mangkunêgara ||
--- [f. 80r] ---
8. satindak dalêm sadaya | wus kawrat ing dalêm tulis | datan kawarna ing marga | ing Lusah pan sampun prapti | dhawah pangandika ji | nuwala tinampan gupuh | binuka kang aksama | sadaya sampun kagalih | mung sadalu nuwala wus ingangsulan ||
9. enjinge duta wus mangkat | datan kawarna ing margi | dan prapta ing Pangangsalan | wêwangsul kunjuk sang aji | sampun angudanèni | lukita ganti winuwus | kocap kang kawon aprang | rêmbag kang pratiwa katri | arsa nungkul mring kangjêng Sunan Mêtaram ||
10. angungsia mring Walănda | wus kawandaka mila jrih | wong tiga dados satunggal | ajangji sapati urip | rêmbage sampun dadi | aja na ngoncati sanggup | wus rêmbag sami dangdan | dan bubar sowan ing aji | wus pinupus sanadyan pêjah gêsanga ||
11. langkung suka jêng susunan | Ki Măndaraka tinuding | kalawan Ki Wiradigda | Suryanêgara tanapi | ing marga tan winarni | anèng Lojami kapangguh | samya anjawat tangan | wus tata sami alinggih | Măndaraka andhawahakên timbalan ||
12. andika Radèn Janingrat | katiga [ka...]
--- [f. 80v] ---
[...tiga] ngandikan aji | kerida lampah kawula | sandika mangkat prasami | prapta Batang nêgari | nuntên wontên duta rawuh | Mas Răngga dan apanggya | takèn-tinakenan sami | Ki Mas Răngga andhawahkên pangandika ||
13. kula kinèn ngegalêna | sunan sangêt ngarsi-arsi | samya umatur sandika | sa gupita wontên prapti | duta susulan aji | Jayalêksana ranipun | kalih Ki Warkasura | tuhu Kapilih wong Bali | ulat andik agul anung dêdêgira ||
14. netyane lir suryakăntha | sambada pangucapnèki | dhasar wong Wangsul prawignya | têmbunge ganggas patitis | pakênira dipati | tanapi sira Tumênggung | Cakrajaya ing Batang | miwah Jayèngrana uni | Wiradesa pakênira atămpaa ||
15. timbalanipun susunan | mring sira bupati katri | yèn têmên-têmên andika | bêkti sumungkêm ing aji | manira iki prapti | dhapure kinèn amundhut | pati urip andika | matura ja na gumisir | kadipundi lah payo andika mojar ||
16. sirêp rencange [re...]
--- [f. 81r] ---
[...ncange] sadaya | tan angrasa darbe urip | jalma Pakalongan Batang | payus nora darbe gêtih | wong Wiradesa wiwrin | dèn irisa kupingipun | tan mêdal êrahira | duk prapta Mas Răngga wus jrih | wêwah anon Jalêksana Warkasura ||
17. ingkang dipun garap gigal | sarupane jalma prapti | bupati kalih tan mojar | nging ta Rahadèn Dipati | Jayaningrat pan maksih | netyane kadya rumuhun | gupita Dyan Janingrat | dika munjuk jêng sang aji | pêjah gêsang ing siyang latri sumăngga ||
18. dhasar murugi palastra | tan măntra apura prapti | nging ta atadhah dêduka | saking dêlap kula urip | wong dosa kêdah ngabdi | tan angraos cêla ingsun | angabêkti kawula | katura kangjêng sang aji | pêjah gêsang ngong andhêmi tan gumiwang ||
19. angucap Jayalêksana | pakênira yèn nadhahi | dêduka dalêm sadaya | sami ngandikan narpati | diinggal sowan aji | gih sandika aturipun | anulya sami bubar | ing marga kapêthuk malih |
--- [f. 81v] ---
Sindusêstra andhawahakên timbalan ||
20. andika radèn dipatya | kalangkung onêng nêrpati | tanapi Dyan Jayèngrana | Ki Cakrajaya wus dening | egal anuli prapti | sandika sami turipun | lampahe gal-inggalan | kang winursita sang aji | saungkure Sindusastra matah wadya ||
21. jajari pinggiring margi |[3] pinatut ingkang prayogi | di dalêm prayitna tata | padha tate anrang wèsthi | langkung dening asandi | tan măntra angarah kewuh | tan kaliru prênahnya | sagolongan ngumpul sami | sinalinan pamiyos gêntining têmbang ||
49. Mijil
1. wong Jagabaya sambung Saragni | Suranata kang wong | wadya Kapilih sambung jajare | sikêpira tate anrang wèsthi | èstu yèn prajurit | ngajrihi dinulu ||
2. kang tinimbalan dungkap mèh prapti | caraka wus kinon | atur uninga dhatêng rajèng |[4] lamun Mas Răngga nimbali prapti | têtiga bupati | ikang sami têluk ||
3. angandika susunan dèn aglis | inggalêna mangko | Si Răngga dèn gawaa ta kabèh | bupati katri nêmbah duta glis | lampahe wus bali | timbalan wus dhawuh ||
4. kadi sawangan dika narpati | egal lampahnya wong | gêgancangan Mas Răngga lampahe |
--- [f. 82r] ---
myang bupati têtiga prasami | obah kang abaris | sikêp bêdhil lawung ||
5. tingkahira prayêtna ngajrihi | mèh prapta ing wiyos | kagyat mulat kang nungkul sakèhe | anon polahe wadya Kapilih | prasamya ngajrihi | dènnya sikêp lawung ||
6. kang amulat tan angrasa urip | pucat ingkang panon | kang satêngah gumêtêr lampahe | julalatan tan bisa lumaris | andhepok ing margi | sakit sandinipun ||
7. kathah tingkahing wong kang samya jrih | langkung dening kepon | samya kantun nanging bupatine | sampun manjing masanggrahan aji | ingawe agipih | prapta nulya ngujung ||
8. ganti-ganti ngujung ing narpati | sumaput kang panon | tan kawasa mulat ing sang rajèng | kang cahya lir sudama angalih | tan angrasa urip | asrah ing Yyang Agung ||
9. samya sumungkêm muka ing siti | wus wikan sang katong | lamun kang rayi sangêt ajrihe | nulya sinung pangandika manis | dening sira yayi | tan angage dhuwung ||
10. Radèn Janingrat matur ngabêkti | langkung jrih ing katong | nora sêdya mulati wêwanèh | nanging ămba angaturkên pati | nir susastranèki | wong lênggana ratu ||
11. inggih awon-awon sangking jalmi | pun dasih langkung sor | nora emut adarbea [a...]
--- [f. 82v] ---
[...darbea] rajèng | mangke sumăngga karsa narpati | dhumatênga pati | mèsêm sang aprabu ||
12. iya bênêr aturira uni | luwih trimaningong | nging isun nora măntra-mantrane | kaya aturira iku yayi | wus karsaning Widi | baya alaningsun ||
13. lah anggenên dhuwungira yayi | caraka wus kinon | sigra mêdal wus katur ingage | angandika jêng sri narapati | ipe ngong nèng ngêndi | miwah putraningsun ||
14. lan si bibi padhaa basuki | matur awotsinom | inggih sami wilujêng sang rajèng | sadaya dinangu katur aji | sira wus kapanggih | sira lawan ingsun ||
15. kaya prèhe pikirira ari | sumăngga ing katong | anging katur pêjah gêsang mangke | ingsun wong papa ta ari mami | nata kèsi-èsi | manawi rèningsun ||
16. tan tahan sira manggih lara nglih | matur awotsinom | sampun ămba têmah lamun kangge | pêjaha pakarya ji wor siti | tan dulu liyaning | nata sangking prabu ||
17. kariyin ămba kalangkung juti | tan emut ing katong | nuntên nguncati ping kalih mangke | tan tumamèng bumi ămba gèni | kathah turing aji | ngandika sang prabu ||
18. ingsun tari aturira yayi | ya Cakrajaya wong | Jayèngrana sun tari karone | pa
--- [f. 83r] ---
kaya ringong bupati kalih | tur pranata inggih | katur pêjah prabu ||
19. tan siwah ture lir dèn dipati | langkung suka katong | măngsa cidraa ing sêsanggupe | sun tarima bêktine ing kami | nulya ngimbar sami | tata gama Rasul ||
20. wising mangkana ngandika aji | sira ariningong | pasisir kulon sun srahkên kabèh | ala bêcike mring sira yayi | ing Malang Têtêgil | sira priha nungkul ||
21. Kaliwungu sapangulon yayi | matur awotsinom | yèn pun Mambêng Brêbês ing Têgile | Lèpènwungu Kêndhal Wiradèsi | aturipun sami | mring ămba anurut ||
22. nuwun susunan dipun aturi | mring Mambêng makuwon | nuntên inggal sadaya dhatênge | angabêkti mring jêng sri bupati | atur pati urip | miwah pta[5] nênungkul ||
23. suka miyarsa sri narapati | angandika katong | kaya prèhe aturira rèhe | pramila ămba purun nglangkungi | lumancang ngaturi | sae têmbungipun ||
24. dhumatêngipun dasih rumiyin | sumăngga sang katong | pinaraka ing Mambêng rahajèng | abdi dalêm pasisir prasami | punapa rèh ugi | kawula gih tumut ||
25. nanging pun Mambêng mangke puniki | kapanggih lan ingong | wangsitanya[6] asae [a...]
--- [f. 83v] ---
[...sae] bêktine | langkung lêga jêng sunan miyarsi | wis mondhoka yayi | sun kodhole ngesuk ||
26. injing budhal prabu saking Bèji[7] | gumêrah punang wong | tambur bèri salomprèt arame | arsa tindak mring Mambêng sang aji | tan kawarna margi | ing Ngastina rawuh ||
27. amêsanggrahan sri narapati | akêpang punang wong | nèng Ngastina sapêkên lamine | sri nalendra sineba bupati | pêpak samya nangkil | ngandika sang prabu ||
28. Răngga sun arsa tindak ngyêtèni[8] | mring Mambêng karsa ngong | nanging yun krama sun dhinginake | lah ta ari ngong ki adipati | yèn lêga sirèki | rinira sun pundhut ||
29. dening sira ta gon ingsun lami | gumujêng sang katong | Radèn Janingrat pranata ture | sumăngga karsa alah ta yayi | ngong gêguyon yayi | sun kapanggih pungkur ||
30. putraningsun kang sun pêlêng galih | ya si rara ingong | pinanggihkên yèn pinarêng mangke | lawan anaking ki ngabèi |[9] inguntungna ugi | dènira Yyang Agung ||
31. sumăngga karsa kangjêng sang aji | tan ngraos darbe ngong | asêsuta abdi dalêm rajèng | pati urip kagêngan narpati | apura dhawuhi | dasih langkung nuhun ||
32. pintên-pintên sih dalêm [dalê...]
--- [f. 84r] ---
[...m] mênuhi | punapa ing mangko | winalês nanging pati uripe | ngandika ji sun tarima yayi | mèsêm sang narpati | sun ningkah karuhun ||
33. aja dadi kuwatir ri mami | anyantri wak ingong | aja kudu ngangge kathah-kêthèh[10] | gumujêng suka sri narapati | awêlèh sun iki | pangantèn tan sêmu ||
34. sumyak gumuyu sakèh kang nangkil | Dèn Janingrat mako | tur pranata sumăngga sang rajèng | iya nuli lakonana yayi | sigra ngandikan ing | pra pandhita agung ||
35. myang pangulu atanapi kêtib | wus sowan sang katong | samya linggih ngandika sang rajèng | apasraha sira ari mami | majêng awotsari | lirih dènnya muwus ||
36. kyai pangulu ningkahna ugi | ariningong wadon | kangjêng sinuhun ika kalihe | maskawine tan owah lan ngèlmi | wus putus dènnya ngling | i sahadatipun ||
37. kyai pangulu sampun atampi | dyan pasèlèhnya wong | sampun ningkah ing mangke sang rajèng | para pandhita sami ngèstrèni | sampun kalal suci | luwaran sang prabu ||
38. Radèn Janingrat wau kang kari | amêpak punang wong | kang bupati ngêpang bawahane | myang pangulu [pangu...]
--- [f. 84v] ---
[...lu] pandhita kèh santri | Suranata tuwin | prajurit sadarum ||
39. wrata kabèh abdi sri bupati | pra pandhita kaot | myang pangulung[11] akathah barkate | kêtib mudin santri pan waradin | dhahar tan kawarni | langkung dening pênuh ||
40. pra pandhita sampun sami mulih | kawarna sang katong | wus siyaga lir Parta baguse | datan kêna winarna ing kawi | cahyane nêlahi | warna lir piturun ||
41. Radèn Jayaningrat aglis mulih | lumêbêt ing pondhok | arsa ngaturakên ing arine | lan malihe karsa nêningali | bêbêktan kang rayi | yèn sampun sadarum ||
42. ingkang rayi sampun dèn aèsi | radèn sigra miyos | sampun prapta ing jawi lampahe | para rabining mantri acawis | karsanya angiri[12] | wus pêpak sadarum ||
43. ingkang rayi binêkta tumuli | lumêbèng pakuwon | rabining mantri angiring kabèh | kawarnaa wong kang nêningali | bêk supênuh margi | kang dulu sumaput ||
44. tan kawarna marga sampun prapti | lumêbèng pakuwon | garwa parêkan amêthuk kabèh | lampah upacara tuhu asri | kang nămpa yu
--- [f. 85r] ---
luwih | pêpingitan prabu ||
45. samya raras ayu nandhang samir | sutra jênar kaot | samya kêbêk mêlathi gêlunge | sri nalendra amêthuk ing rabi | sinambut dyan dèwi | mengo para arum ||
46. sang wahini ing tyas asmu isin | pinêksa ing katong | sang ywang rawi sumurup cahyane | gumanti ujyalaning kang sasi | wus binêkta aglis | maring jinêm arum ||
47. sapraptane ing jinêm alinggih | ngandika sang katong | baya sampun pinasthi dhaupe | sun êla-êla kala duk alit | kapanggih ing ngriki | jêjampi wulangun ||
48. wurung biyèn sida mangke kêni | anglêbur brangta ngong | langkung ngêla-êlaningsun anggèr | midêr ing rat gusti sun ulati | ajajah nêgari | mung sira kang ketung ||
49. lara pati yayi sun lakoni | atêmah pêrang ngong | mèh matia jênêng ingsun agèr[13] | mênawa kelan sira yayi |[14] duk Jênar ngong jurit | ngawaki jênêng sun ||
50. nanging olèh pitulunging Widi | bangêt tarima ngong | baya-baya wus pinasthi anggèr | kinawruhan sêdyaningsun galih | abrăngta ing yayi | iku ciptaningsun ||
51. baya sira
--- [f. 85v] ---
tan kadi sun gusti | tan nunggal lan ingong | sangking gêthingira mring sun anggèr | cilik mula sira nora apti | dening ingsun ari | alane anulus ||
52. jênêng ingsun langkung bêbosêni | tan pantês riningong | kapirsaa mring sira na[15] anggèr | sang wahini mèsêm awotsari | sinuwun kang mari | sihe marang ingsun ||
53. yèn ngandika anglarakên ati | bênêr yèn rinaos | măngsa ugi wêruha sêmune | duginipun dasih ina budi | susunan nauri | dhuh satêmênipun ||
54. angaras pipi saha nukêmi[16] | adhuh jiwaningong | tan anêdya sung sêmu na anggèr | dunungêna lingira dyah ari | punapa tandhaning | ingsun mari lulut ||
55. umatur sang dyah sêndhu ing liring | suh rêmpu ing katong | inggih nyinane pangandikane | sasiptane anglarakên ati | punika tandhaning | lamising pamuwus ||
56. lêrês sinuwun maria asih | wus sêpuh wak ingong | dhimin mula wurung sing dhèwèke | mêngko maning wus tuwa tan sudi | sang nata nauri | iya padha sêpuh ||
57. ujarira yayi ina budi | bisa cacêlathon | andêlên asih ingsun na anggèr | sang
--- [f. 86r] ---
dya[17] ngewani asêndhu liring | saya imbuh manis | ingaras dyah ing rum ||
58. sakêlangkung suh rêmpu sang aji | myang sang liring sinom | mapan sami wrate pasihane | narindra anrêg anyanggarani | dhuh mirah jinê[18] mrik | satmatanên tèngsun ||
59. sampun tumangkêb wau kang samir | mangkana sang katong | saya anrêg ing kapti karsane | tan wruh wêtu-wêtune kang kapti | kinuswa dyan dèwi | tan suda sih ingsun ||
60. antya winayang ngagenan singsim | cinaningsun mangko | srah panungkul wah katon manise | ing dariji ginèndèng dyah dèwi | angaras angliring | atampik dyah ing rum ||
61. kasaputan ta ingsun dyah ari | yêkti têmah layon | yèn tan ana sihanira radèn | anatmata kabyatan ing kingkin | ing sira ri mami | andêlên sih ingsun ||
62. sira dewa anarirèng sari | yangyanging kalangon | namunakên gurit sapolahe | amungu ăngga amardi rati | tinut ing Sukma Di | nanging tan ana wruh ||
63. sumaput karsanira tan sipi | angaras pipyalon | garêgêtên alungkar[19] sarine | andohi [a...]
--- [f. 86v] ---
[...ndohi] sang dyah asmu liring |[20] susunan ngalap sih | sor kang madu juruh ||
64. ginontoran srênggara mlasasih | pinarjayèng turon | kêtêg-kêtêg cinêcêp lathine | tuwasana pun kakang dyah ari | marmanipun asih | lah iki rèningsun ||
65. tan mojar sang dyah pinongah-pangih | kawanahên turon | lathi sumarot gêbyar wajane | lamat-lamat gêntangane muni | tutug akaron sih | kalihipun lulut ||
66. pawongane samya tutup lathi | padha ngucap ingong | têka mulês wêtêng ingsun mangke | mirsa ing manis pangrurum[21] aji | wênèh kang nglungani | sandine angêlu ||
67. baya kêna sawan borang-baring | lir sigar dhas ingong | samya gumuyu gêbyugan rame | ginêblog padha latah abêlik | kawarnaa enjing | miyos sang aprabu ||
68. angandika alah uwis yayi | besuk karsaningong | tindak mring Pamalang ingsun mangke | sira karia ta ari mami | adandana yayi | kumpulna baturmu ||
69. lan si rara sahna lan agami | poma ariningong | kancanira ngong tilari mangke | wus luwaran kang seba wus mulih | tan kawarna latri | jing têngara [têng...]
--- [f. 87r] ---
[...ara] umyung ||
70. sampun budhal salomprèt wus muni | gumuruh punang wong | mangkat sangking Pangangsalan rajèng | wadya tata sagêgamannèki | lir yangyanging tulis | gula kentar daut ||
50. Dhandhanggula
1. kawarnaa Lojami wus prapti | masanggrahan sadalu jing[22] budhal | wus manjing Malang kithane | amakuwon sang prabu | dawêg angsal ing kalih latri | kang gadhah Mambêng prapta | têluk sowan prabu | wasta Dèn Cakranêgara | sarta bêkta panungkul èstri sawiji | layan rajabêrana ||
2. wus tinarima dening sang aji | wus tinêtêpkên nagri Pamalang | sunan ngumpulkên abdine | têdhak Kartiyasèku | ingkang sami asakit-sakit | pinupu dèn gêgêsang | sawontên akumpul | kang wontên Radèn Janingrat | dipun pundhut ingabdèkakên sang aji | naking Nitinêgara ||
3. anaking Jasindurga tri prapti | kang nèng Batang wadya astha kèhnya | kumpul Suranata kabèh | nuntên agêntos rawuh | pănca latri kang gadhah Têgil | aran Wiranêgara | pan sampun cumundhuk | kalawan wong Jagasura | lan Barêbês Radèn
--- [f. 87v] ---
Suralaya prapti | bêkta sagêgamannya ||
4. dening wong Têgal ingkang sapalih | norarsa nungkul Sasranêgara | sakadang wargane kabèh | abangêt tisnaningpun[23] | sumungkêm ing wadya Kumpêni | tan arsa ngawulaa | dhumatêng sang prabu | lamun Kumpêni tan jaya | awak sampun nêmah dadya kuli-kuli | nora tilar Wêlănda ||
5. dening kang sowan wadya ing Têgil | Jagasura Barêbês katrima | anuli tinulakake | têngga nêgaranipun | pacak baris ngêpang ing loji | winuni jêng susunan | dènnya krama tutug | langkung dening sih-sinihan | siyang dalu tansah anggung karon rêsmi | anèng nagri Pamalang ||
6. wus sumurup yyang arka gumanti | padhang bulan wo[24] dalêm anggêlar | padha dolan satêngahe | ngukup-ukup ganda rum | sri narendra tansah karon sih | lan garwa sing Ngastina | pinarak sang prabu | lan kusumaning wanita | ngandika sunan mirah kang asung brangti | kaprèhe polah ingwang[25] ||
7. ya tulusa yayi dènira sih | karanane ya yayi tulusa | ywa mandhêg mangu sun anggèr | sumêlang sih mring masku | kang
--- [f. 88r] ---
sun têdha pasihan gusti | miwah tatămba brăngta | rêtnaning dyah matur | tan sagêd asung tatămba | mapan dede pun dasih dhêdhukun uni | api sanggup asiha ||
8. măngsa dhatênga kang galih kang sih | mapan ratu gung amêngku Jawa | kirang paran sakarsane | angajêngna dyah prabu | ingkang sami yu-ayu luwih | kula sêdya punapa | nging sumêdya prabu | ngawula dasih mawongan | supayane yèn kanggea angladosi | mring kang mêngku Mêtaram ||
9. kanyut sunan wau amiyarsi | wêcanane wau di kusuma | rêtnaning dyah matur malèh | luwung lirêna ingsun | manawine dados kang galih | garwa-garwa nalendra | lan kênya kang rawuh | anggung amaca udrasa | punika sunan ecanana kang galih | dêrapon[26] mari brăngta ||
10. apa tulus ujarira yayi | lair batin sinuwun tan siwah | pinêkul garwa sang rajèng | sokur kalamun tulus | iya rane ingsun lakoni | parentahing kusuma | narendra tumurun | pawongan mandhi kris tuntat[27] | lan pawohan kang udrasa dèn parani | kênya sangking Pamalang ||
11. bakda Ngisa wayahe kang wêngi | anyarêngi tanggal kawan wêlas | wulan purnama padhange | majang wulan sadarum | garwa-garwa lawan [la...]
--- [f. 88v] ---
[...wan] panêpi | angimur kang udrasa | ingarih rinubung | dyan rawuh kangjêng susunan | angandika iki apa kang dèn gupit | para yayi dyan bubar ||
12. kênya kantun langkung dening ajrih | pan gumêtêr sarira rog-rogan | ingimur dening sang rajèng | dhuh yayang[28] jinêm arum | wus mênênga dènira nangis | lah andêlên sih ingwang | aja walang kayun | emane maksih taruna | biyadane wong Malang agawe brangti | kang amindha kusuma ||
13. ingsun awlas sira mêksih cilik | yèn wis diwasa dêlên sih ingwang | rinungrum lilih manahe | sarya angidung-ngidung | jurudêmung sinom pamijil | kalawan singa nyidra | kulanthe mêgatruh | gambuh kalawan sumêkar | kuswari rangrong lawan kadhiri miring | wus tutut sang dyah rara ||
14. lulut asih amirsa sang aji | prabu wasis ing asmaragama | kang amirsa kanyut kabèh | binêkta jinêm arum | kèh winalon rênggyèng amanis | muluk syara anglambang | dèn dagancang[29] turu | sirêp jalma samya nendra | têngah dalu narendra tumêdhak ririh | jumênêng anèng natar ||
15. sirêp kabèh wong kang padha guling | jêng susunan datan arsa nendra | kang kacipta nêgarane | tanpa sare sang prabu | anênêdha dhatêng Ywang Widi | mugi-mugi lananga |
--- [f. 89r] ---
juritirèng prabu | dènnya arêbat nêgara | mirsa babad Susunan Adi Mêtawis | kêsmaran gênging manah ||
51. Asmaradana
1. sigêgên datan winarni | ginanti ingkang carita | inggih anunggal kandhane | tur barêngi lêlampahan | kang kari ing Mêtaram | pangran dipati winuwus | pan sampun antara lama ||
2. sapêjahe Janêgari | pangeran langkung sungkawa | miwah Ki Janingrat mangke | kang winuni wong Wêlănda | ing Cala barisira | mapan arsa minggah gunung | wus mangkat jujul pondhokan ||
3. ki dipati tan narungi | tanapi kangjêng pangeran | minggah mangetan jog age | ing Ponjong Wêlandi nulak | wangsul barise Cala | ki dipati pangran wangsul | lajêng rêrêb ing Paliyan ||
4. pan antawis kalih latri | wontên duta sing Pangeran | Mangkunêgara praptane | jujug panggih lan Janingrat | nulya binêkta sowan | pangran dipati kapangguh | duta umatur pranata ||
5. kula ngutus kangjêng gusti | raka jêngandika pangran | dhatêngkên salam dongane | dhatêng sampeyan malihnya | dhatênga ki dipatya | miwah prayayi sadarum | sampeyan gusti ngaturan ||
6. ngirida sakèh bupati | ngandikan arêrêmbagan | raka jêngandika anggèr | sampun budhal sangking Lusah |
--- [f. 89v] ---
daut sawadyanira | mêdal lèr Paliyan niku | mila sampeyan ngaturan ||
7. raka jêngandika gusti | karsa gitik baris Cala | nuntên suwarèng wadyane | wus anglêmpak nulya budhal | tan kawarna ing marga | lan kang raka wus kapangguh | pasanggrahan Pananggungan ||
8. Pangeran Mangkunêgari | ngandika mring pra bupatya | miwah dhatêng ing rayine | yayi mas mila andika | miwah man Jayaningrat | tanapi kănca sadarum | mila sami ingaturan ||
9. manira asuka uni[30] | ping kalih katêdhan priksa | sarta nuwala sang rajèng | sadaya aganti maca | sangêt ngungun amarma | angraos amanggih bêndu | pangeran malih ngandika ||
10. manira arsa darbèni | rêmbag sapêkên narendra | kang dipun pasrahi gawe | manira lawan yayi mas | têtêlasane uga | man dipati ingkang sêpuh | kang ingandêl ing nalendra ||
11. arêbata kang pakolih | sakêlangkung dening ingwang | lawan tindake sang rajèng | timbang satus nora padha | langkung dening mêmirang | lawan sangêt ajrih ingsun | dhumatêng kangjêng susunan ||
12. mandahe si duka aji | yèn ta nora nimbangana | sampun ta ugi samine | atimbanga prawalonan | ngong gawe sasat timbang | dhèwèk puniki ta durung | norana măntra-mantranya ||
13. wali-wali kyai jurit | aprang murung
--- [f. 90r] ---
angsal karya | Kumpêni kang pêjah akèh | ingga wong rame yudanya | Kumpêni têtumpêsan | Mêlaran Kumpêni gêmpur | Kumêndam Ngungaran pêjah ||
14. kiyai lajêng ajurit | Pasasak Kumpêni gêmpang | ing Jênar rame pêrange | Kumpêni alêlêburan | Mayor Kalèrêk pêjah | lajêng masisir sang prabu | punika kang dadi wirang ||
15. Jayaningrat anauri | inggih lêrês botên siwah | anggèr lawan atur ingong | lah inggih ta sami mirsa | kadipundi ing karsa | karêp manira yèn rêmbug | sapakolèh nimbangana ||
16. sampun ina wak puniki | rèhning ngabdèkkên narendra | dening ta cabar tiwase | dede ta darbèk manira | kawasaning narendra | saea lamun kapangguh | sampun sangêt dukanira ||
17. sadaya sami ngrêmbagi | sakarsanira pangeran | yèn sampun gilig rêmbage | andika paman dipatya | inggih benjang-enjang |[31] dika kèn lalèdhèk mungsuh | batur dika sawêtara ||
18. nanging sampun dèn kathahi | dika prih wania mêdal | Walănda Cala barise | ngong prih Kumpêni galaka | yèn wis têbi[32] pondhoknya | dawê[33] ginitik kang mungsuh | sampun won [wo...]
--- [f. 90v] ---
[...n] kang mundura |[34]|
52. Durma
1. sampun rêmbag anulya prasamya budhal | kang kinon nglèdhèk injing | wasta Ragayuda | kawan dasa rencangnya | kang kapalan sarêng prapti | bitingan mêngsah | Ragayuda bêdhili ||
2. dhatêng pondhok Wêlandi gègèr adangdan | Kumpêni wus mêdali | miwah wadya Jawa | wêtara kawan dasa | ngundur-undur dèn pêrangi | bujêng atêbah | lawan pondhok kang kari ||
3. tan antara tinubruk dening Pangeran | Mangkunêgara aglis | myang Pangran Dipatya | Janingrat Janapura | tuwin sakèh para mantri | sarêng nêmpuhnya | arame dènnya jurit ||
4. wus katitih Kumpêni malajêng risak | manjing pondhok prasami | amuwêr kewala | tinut samya kinêpang | dangu norana mêdali | kang ngêpang bubar | sadaya mundur sami ||
5. Pangran Mangkunêgara lajêng mangetan | lampahe mêdal ngardi | de Pangran Dipatya | Janingrat Janapura | ing Lantèng dènira baris | Kumpêni budhal | wayahe têngah wêngi ||
6. dhatêng Ngyogya enjinge Pangran Dipatya | Janingrat Ki Dipati | lawan Janapura | mundhun baris Gambira | Pangeran Mangkunêgari | sakundurira | wadya pangarsa prapti ||
7. atur uning yèn ambalik Wiranata | lawan Kêrtanêgari | angungsir pangeran | tukar lan Yitnajaya | ingaturakên ambali[35] |
--- [f. 91r] ---
dipun satêngah | nulya dèn sêmayani ||
8. dyan pangeran atinjo baris pangarsa | ayun amriksa uni | kesahe kang wadya | bêkta wong jro sadaya | Kadanawarsa tan kari | kang kawarnaa | wadyabala Kumpêni ||
9. ingkang kawon sangking pabarisan Cala | nèng Yogya mirta[36] warti | kalamun Pangeran | Mangkunêgara ngetan | mundur dhatêng Pajang malih | lan sampun mirsa | Jayanêgara lalis ||
10. sapêjahe Tumênggung Jayanêgara | sakèh wadya Mêtawis | kang tumut Wêlănda | pan agêng ingkang manah | wus sirna kang dadi watir | nadyan kathaha | kang kari tan ngudhili ||
11. duk sêmana Surajênggala anglarag | akanthi wadya Bugis | wus budhal sawadya | ing Gadhing sampun prapta | tan wontên purun nanglêdi | eca kang manah | mantuk mring Yogya malih ||
12. duk ing dalu sêntana Jayaningratan | myang têtilare uni | Ki Jayanêgara | lawan wong Janapuran | kalilan mring ki dipati | nanging dèn yitna | enjing budhal miranti ||
13. pêndhak enjing Surajênggala anglarag | tan kanthi wadya Bugis | ing Gadhing wus prapta | ngrêrayah ngering nganan | botên wontên kang nanglêdi | dyan pakumpulan | mondhok dhusun ing Turi ||
14. kathah cucul wadya lit dandan pondhokan | dahat datan udani | yèn mungsuhe [mungsuh...]
--- [f. 91v] ---
[...e] prapta | ngêpang jawining dhadhah | narajang sarwi bêdhili | Surajênggala | dangdan sarwi nadhahi ||
15. nging wadyane kagèt akathah lumajar | giris akathah kanin | Ki Surajênggala | sampun anitih kuda | sangki[37] mondhokan wus mijil | lajêng lumajar | sabature lumaris ||
16. waos bêdhil kapal akathah tinilar | wong Mataram kang cili | kèndêl anjêjarah | kêdhik kang bujêng mêngsah | Surajênggala ingusir | tiba sing kuda | egal wus nitih malih ||
17. sinarêmpêng mring sêntana Janêgaran | mèh dhidhik dèn larihi | Ki Surajênggala | gancang Bantul wus prapta | waragane sami kari | akathah pêjah | kalih dasa bêbêcik ||
18. kang ambêbujung nulak undure bêbandhang |[38] katur mring Ki Dipati | Jayaningrat suka | ingalêm pra sêntana | sigêg kawarnaa dasih | Mangkunêgaran | kang baris anèng ngarsi ||
19. ginitik ing Kumpêni Kumpêni kang ngirid mêngsah |[39] Wiranata ing nguni | tan dangu dènnya prang | kalindhih wong pangarsa | binrêrêg risak baris |[40] larut wus bubar | lumayu niba tangi ||
20. kathah kacandhak Kumpêni atut wuntat | wadya kang kawon jurit | kapêthuk pangeran | pinirsa ture têlas | payo abalia sami | ngong tulung aprang | ngaturkên pati urip ||
21. sawabipun
--- [f. 92r] ---
abdi dalêm taksih ura | tan kenging ngabên jurit | pangeran bramatya | ngucap mring Danawarsa | yèn mêngkone karsa mami | wong jro kewala | aja ngago wong Jawi ||
22. yèn angago pikire măngsa dadia | kang kalah dèn takèni | mungsuh ana pira | Wêlandi kawan dasa | kalih bêlah Bugis Bali | Jawa kang kathah | pangeran ngandika ris ||
23. dene iku nora pira sira kalah | kawus kapati-pati | anulya pangeran | nari wong jro sadaya | mantri jro wong kawan dèsi | lorèk lan abang | ijêm irêng tinari ||
24. samya wani sadaya gilig rêmbagnya | ya wis sun gawe dadi | aja na wong mendra | dyan samya prajangjeyan | singa mundur nigal[41] dhingin | jangji sudukan | dyan mangkat nata baris ||
25. lorèk ijêm cêmêng abang anèng ngarsa | mantri jro wingkingnèki | anuntên pangeran | wingking wong kawan dasa | ingabên dharat kang abdi | prasamya sura | telad kang rama aji ||
26. sêdyanira ngantêp yuda sampun cêlak | lan mêngsah êlêt kawis | saking dhusun mêdal | mêngsah nulya katingal | nanging ta kalêtan kali | nèng Pamêthakan | nulya sami nyabrangi ||
27. lorèk ijêm cêmêng abrit ingkang nyabrang |
--- [f. 92v] ---
mêngsah nulya ningali | nyandêr campuh aprang | bêdhil lir gunung rêbah | rame lir sagara gêni | êlong-linongan | wadya Mangkunêgari ||
28. wus kalindhih ambêrêg mêngsah Walănda | palayune amalih | mantri jro pangeran | mapan dèrèng anyabrang | ingkang buru dèn tadhahi | campuh kang yuda | anging kalêtan kali ||
29. ramya bêdhilan sami êlong-linongan | langkung rame kang jurit | wadya kawan dasa | nyabrang sangking ngiringan | wong Kumpêni dèn dharati | sarêng nêmpuhnya | kagyat wadya Wêlandi ||
30. adan campuh jurit carub dènnya aprang | mantri jro aningali | yèn nyabrang sadaya | prajurit kawan dasa | anulya tilar turanggi | gêbyur ing toya | mantri jro ngamuk wani ||
31. sarêng nêmpuh campuh jurit tarung tumbak | kang lumayu ngêbyuki | pan ulêt-ulêtan | kang pêjah kanin kathah | wong Wêlănda akèh mati | kalindhih kalah | lumayu dèn tumbaki ||
32. Bugis Bali Jawa langkung kathah pêjah | Kapitan Sêlam mati | Samangun ranira | Wêlandi gangsal wêlas | pangagêng Kumpêni mati | Sanèndêr rannya | kang lit kanin tan kèksi ||
33. dènnya buru kantos dhatêng Parambanan | muwêr anèng ing biting | pangeran wus nulak | kang pêjah
--- [f. 93r] ---
kinêthokan | mantri jro kalih kang mati | wong kawan dasa | papat nonoman mati ||
53. Sinom
1. kang kanin inggih akathah | Pangeran Mangkunêgari | mundur sangking mênang aprang | Sumaharja dèn pondhoki | nulya adamêl tulis | aminta utusanipun | kinèn sowan narendra | wus winêling pan aênting | anjujuga ing Kêdhu duta mintara ||
2. tan kawarna punang duta | kocapa wadya Kumpêni | kang anèng ing Parambanan | daut pan bodhol ing wêngi | dhatêng Ngyogya marêngi | gupênur utusanipun | dhatêng saking Sêmarang | kinèn bubarakên baris | kang nèng Kêdhu Bagêlèn sampun ngutusan ||
3. kinèn mantuk mring Sêmarang | sangêt susahe Sêmawis | bêdhahe nagri Ngastina | Sêmarang sampun agawing | wong cili sampun gusis | kang sugi[42] ngili sadarum | tinarka sunan karsa | lajêng dhumatêng Sêmawis | mila têlas Kumpêni kantun piyambak ||
4. enjinge Kumpêni Ngyogya | bubar daut tanna kari | mantuk dhatêng ing Sêmarang | anulya ki adipati | sawadyanira sami | angodhol sangking ing pukur | lan Pangeran Dipatya | Janapura nora kari | jêng pangeran dipati
--- [f. 93v] ---
praptèng Sinuka ||
5. Ki Janingrat Janapura | karone wus kèndêl sami | sadaya wus masanggrahan | nuntên wontên ingkang prapti | anaking Rajaniti | Nayatruna aranipun | lawan Suramênggala | anunggal dhatêng sang aji | samya nunggal mring Ki Dipati Janingrat ||
6. dening kang tut wuri mêngsah | para mantri ing Mêtawis | kêrigan sakarinira | kasusul Balongkèng nguni | Têrayêm dèn andhêgi | arame dènnya acampuh | mantri Mataram pêjah | têtiga sapih kang jurit | nulya lajêng Kumpêni ganti kocapa ||
7. pangeran lan Jayaningrat | Janapura budhal aglis | mundur nulya masanggrahan | Grojogan kocap Kumpêni | kang dhèrèk Rajaniti | Surajênggala Tumênggung | prapta baris Cacaban | rêrêmbagan kalih latri | sahing rêmbag injing bubar mring Sêmarang ||
8. Bupati Jawa tut wuntat | andhèrèk dhatêng Kumpêni | mêdal Ngandong Mangkuyuda | Kumpêni prapta Sêmawis | pan nora tara lami | Kumpêni pan sampun rêmbug | apacak bêbarisan | aran desa ing Walèri | wadya Sala bupati tumut sadaya ||
9. sampun tata barisira | sigêgên ingkang winuni | kang makuwon ing Pamalang | Kangjêng Susunan Mêtawis | dyan wontên [wo...]
--- [f. 94r] ---
[...ntên] duta prapti | sing Mangkunêgaran iku | wong Pucang kang lumampah | katur pinundhut kang tulis | sasmitane punika kang bêkta sêmbah ||
10. kawula putra sampeyan | Pangeran Mangkunêgari | katura kangjêng susunan | sampune katur kang bêkti | wiyos atur udani | dhumatêng kangjêng sang prabu | yèn mangke ămba aprang | Parambanan lan Kumpêni | nanging asal barkat dalêm ămba mênang ||
11. Kumpêni akathah pêjah | di dalêm mantri jro kalih | kang pêjah wong kawan dasa | tiwas sakawan kang mati | kathah kang nandhang kanin | botên dados mirisipun | sunan kalangkung suka | sarêng mirsa ngêling tulis | Ki Mas Rong winartan ungêling sêrat |[43]|
12. kang miyarsa langkung suka | aluwaran sri bupati | wong Têgal kang ginupita | sabên dina dènnya jurit | nanging untung wadya ji | sigêgên sampun karêbut | dening wadya sang nata | yèn mêdal dipun tarungi | anging mênangr[44] Kumpêni muwêr kewala ||
13. nora wani mêdalana | ingkang jinrihan sang aji | agiris dènira mirsa | bêdhahe Ngastinapati | mila tan amêdali | jêng susunan kang winuwus | sampun amirsa warta | lamun barising Wêlandi | kang nèng Ngyogya Cacaban bubar pungkuran ||
54. Pangkur
1. mantuk dhatêng ing Sêmarang |
--- [f. 94v] ---
sunan karsa kondur dhatêng Mêtawis | rêmbag sawadyabala gung | pasisir dipun tilar | kang bang kilèn tinilar têngga sadarum | ing nagrinira piyambak | ingkang dadya senapati ||
2. Radèn Dipati Janingrat | sunan bubar masanggrahan Lojami | enjing budhal sampun rawuh | Ngastina masanggrahan | Dèn Janingrat tinimbalan sowan prabu | ngandika kangjêng susunan | yayi karan sun timbali ||
3. aprakara anakira | êsahêna yayi lawan agami | kênane lan noranipun | anuli kongkonana | iya yayi enake ta galih ingsun | enjinge ngong arsa tindak | sira ingsun tigal[45] yayi ||
4. sakancanira tunggua | nêgarane dhawak-dhawak ta yayi | sira poma dèn apangguh | wong dadi senapatya | kèh dipati ngidhêpa sira riningsun | pranata ture sêndika | pun dasih darma nglampahi ||
5. pakaryanipun nalendra | sa gupita duta Batang kang prapti | tur uninga ing sang prabu | yèn Kumpêni barisan | ing Walèri Pèbêr têtindhihing laku | Bupati Sala sadaya | jêng susunan arsa gitik ||
6. norana rêmbug bupatya | dening lampah salah karya sang aji | benjing pradangdanan yèn wus | sumăngga karsa nata | jêng susunan langkung maksa kintên prabu | Kumpêni calik[46] atinya | kari gawèn sawiji |[47]|
--- [f. 95r] ---
7. yèn untung eca kang manah | sami dhepok sadaya wadya aji | ringênging tyas sang aprabu | wêkasan tinurutan | enjing bubar datan kawarna ing ênu | prapta Bèji pasanggrahan | dyan utusan dèn dipati ||
8. tur uninga yèn kang putra | êsahên ingkang jalêr wus masahi | dalu-dalu sang aprabu | ki pangulu dinuta | wangsul dhatêng Pangangsalan kang tut pungkur | abdi dalêm Suranata | ki pangulu wus lumaris ||
9. enjingipun sunan bubar | kang winarna Mêtawis Pangran Dipati |[48] Janapura rewangipun | tinimbalan Pangeran | Mangkunêgara ningkêbi garwanipun | Ratu Dipati Bêndara | Nyai Janingrat tut wingking ||
10. Ki Dipati Jayaningrat | nora mitêngga barisanèki |[49] Kamanyaran samya rawuh | jêng pangeran dipatya | jêng susunan winuni kyai pêngulu | prapta anyandhak ing marga | wus katur salampahnèki ||
11. lir ature Jèningrat[50] |[51] sampun lêga galihira narpati | antara sêdhêng lêlaku | na gara-gara prapta | dintên Sênèn Rabiyulawal winuwus | bênêri tanggal ping tiga | Jimawal warsa winilis |[52]|
12. anglarêsi[53] wontên wana | gumalêdhug lir maryêm barêng muni | asauran jêgar-jêgur | lir drèl rug ikang syara | gumarudug kadya syarane prang pupuh | obah kang bumi prakêmpa | kumêlab [ku...]
--- [f. 95v] ---
[...mêlab] pêtêng kang langit ||
13. lir mahindra têmpuh ngarga | kadya gonjing kang pratala lir miring | gurnita imawan agung | ngadêg sang nagaraja | mobak wèni samodra awarna agung | lun têmpuh samya imawan | umob hèrnawa lir mili ||
14. wêwah ingkang gara-gara | datan kèndêl ingkang syara ngajrihi | rame ta kapirsa asru | kadya kêlêm kang jagat | langkung rame kang syara pating jalêgur | lir aprang kala Pajênar | pating galêdhug syarèki ||
15. gumêrdêg anglir sinapan | syaranipun pinirsa gêgirisi | lir gunung tarung ampuh |[54] kadya runtuh raditya | yèn dinulu lir bêlah bumi kapitu | gêntêr bandhung jog kang grêrah | liris-liris kumlab prapti ||
16. lir crah lindhu kang pratala | kuwung-kuwung ing gêgana jajari | thathit wra lêngkawa kidul | asandhing lawan teja | sungub-sungub awra erawati anung | dakara ngayomi risang | kalêlimut ingkang mijil ||
55. Mijil
1. manila pracăndha drês umilir | mungguh punang kayon | puspita ruruh aglar sarine | yayah kinêbur wyahing jaladri | rug srêngganing ardi | luntur dening lindhu ||
2. rèhning manungswa garjita dening | buwana kadya [ka...]
--- [f. 96r] ---
[...dya] sol | myang manonbawa garjita kabèh | jêng sunan saya garjitèng galih | titir anayuti | ararywan ing gunung ||
3. Kêndhêng kala gara-gara prapti | samya gègèr kang wong | satanah Jawi gègèr sakèhe | lir ta jajahlanat wurunèki | tanbuh kang dèn ungsi | pangrasane limut ||
4. datan wontên kang lêrês satugil | cêlak pasisir wong | samya bingung wong sajawa kabèh | dyan sêmana mangke sri bupati | kagyat gègèr jalmi | nyana mungsuh nêmpuh ||
5. Kumpêni ingkang baris Walèri | panyana sang katong | amêgati ing marga pêrange | ri sêdhênge tata-tata jalmi | Suranata tuwin | Kapilih akumpul ||
6. atap mugèng[55] ing ngarsa narpati | sakèh wadya kawong | samya kagyat sadaya manahe | Mas Răngga sigra lumakyèng ngarsi | suka sri bupati | sunan kèndêl dangu ||
7. datan nyana gara-gara prapti | mêsthi mungsuh mangko | kang nèng ngajêng dèn kira ngarsane | punika panyanane wadya ji | Pajang lan Mêtawis | samya pangrasèku ||
8. sanès kalayan wadya Kumpêni | sadaya punang wong | salah nyana Kumpêni sakèhe | gupênur kang anèng ing Sêmawis | duta mring Walèri | anyana tinêmpuh ||
9. dening Kangjêng Susunan Mêtawis | de Kumpêni mangko | kang nèng Walèri [Walè...]
--- [f. 96v] ---
[...ri] kêbat dutane | dipun nya Sêmarang ginitik |[56] sangking ing Bahrawi | saparo wus mundur ||
10. kang sêpalih têksi[57] têngga biting | wus kapêthuk kang wong | ingkang mundur lan duta lampahe | panyanane kalah ing Walèri | samya nyandêr bali | Sêmarang gumuruh ||
11. apuyêngan gègère wong cili | dhasare punang wong | rêrêging wong sanêgara kabèh | wadya Kumpêni atine cilik | mapan kantun kêdhik | minta bantu tantuk ||
12. mring Jakarta maksa nora olih | asangêt gègèr wong | Cina samya tutup kori kabèh | wong Jawa wong sabrang samya ngungsi | baita kang sugih | darbèk dèn mot prau ||
13. sadaya têtêl anèng pasisir | sakathah darbèk wong | sakala Sêmarang suwêng kabèh | kantun Kumpni lan kang darbe nagri | ngalun-alun baris | anging wolung puluh ||
14. gêgamannya kang kèh samya ngili | de Kumpêni mangko | nanging kantun kawan dasa kèhe | Lêsting têtindhih wadya Wêlandi | kinèn midêr nagri | de kang jaga pungkur ||
15. anyêkêli Cina lan Sêrani | ingkang langlang kèh wong | midêr ngidul ing Lampèr watêse | mangetan dhumatêng ing Trêbanggi | ngilèn dèn langlangi | nanging watês Tugu ||
16. de Wêlandi Salatiga uni | wus utusan mangko |
--- [f. 97r] ---
mring Ngungaran dening Kumpênine | ing Ngungaran wus anduta maring | Salatiga aglis | anyana sadarum ||
17. lamun dipun amuk mêngsahnèki | de Sêmarang kang wong | rêbat baita Cina sakèhe | angungsungi băndha mring pasisir | daning[58] wong Sêmawis | witning nyananipun ||
18. Kangjêng Pangran Arya Prabu gitik | Dêmak nyananing wong | mila gègèr puyêngan sakèhe | ing Sêmarang lampahnya nyêkêli | Cina sabrang Jawi | wong Cina kang agung ||
19. sakala punika dipun gajih | kang kocapa mangko | kang lagya kakêpungan mangsane | Kangjêng Pangeran Mangkunêgari | samya amiyarsi | gègèr kang angêpung ||
20. dèrèng nêdha nulya mirsa bêdhil | bubar kang punang wong | dipun nyana mungsuh prapta mangke | asiya arsa mapag jurit |[59] sêkul dadol[60] wajik | kiris anglir êndhut ||
56. Girisa
1. sadaya ingidak-idak | dening pangeran dipatya | lawan Nyai Jayaningrat | lan Tumênggung Janapura | lajêng mantuk sewang-sowang[61] | dhatêng pabarisanira | de Pangran Mangkunêgara | dèn nyana Walandi minggah ||
2. anulya lajêng lampahnya | abaris ing Ardi Maja | mêngsah tan ana katingal | lajêng samya ngantya-antya | anake ri jinaganan [ji...]
--- [f. 97v] ---
[...naganan] | sigêgên ingkang kocapa | kangjêng susunan sêmana | dangu angantos sênjata ||
3. kang saya arang-arangan | panyanane sri nalendra | Arung Galesong kang yuda | kalawan Ki Cakrajaya | susunan inggal anduta | pun agul-agul kang mirsa | mring sakyèh wadya nèng ngarsa | lajêng norana prakara ||
4. Saragni lan Jagabaya | sami eca angèn kapal | wadya Jawi sampun lantas | agul-agul wangsul sigra | atur kadya wau ika | nulya lajêng sri nalendra | ri sêdhêng kang gara-gara | sêmana saya kêtara ||
5. mêndhung dhêdhêt alimunan | alir surup sang raditya | titis rungsêt langên marga | akèh jurang jro ing marga | riris prapta drês tibanya | awor pasranging maruta | wrêksa mangggung samya molah | gumrêbêg suwaranira ||
6. limut kadya têngah wêngya | satuhune ingkang munya | Gunung Kêlut duk sêmana | ingkang dados gara-gara | ingkang cêlak lawan arga | udan watu lawan wadhas | akathah wong kapracondhang | ladhu kali mili wedang ||
7. mina akathah kang pêjah | riwat-riwut jaladara | udan awu angin prapta | yahning-yahning kang antara | ing tibanipun ing udan | kang saya pêtêng sêmana | sangêt udan awu prapta | kayon [kayo...]
--- [f. 98r] ---
[...n] sêmpal manuk tiba ||
8. kalilipên ingkang mata | êlaripun pan kawratan | milanipun kathah tiba | kayon alit kathah rungkad | sacêngkang kang tibèng lêmah | sangking sangêt gara-gara | ron kayon putih tibanya | kathah dhangdhang sami tiba ||
57. Dhandhanggula
1. dyan rêtu gunung obahing bumi | kasangkalan dènira kang nurat | Rabingulawal sasine | ing Sênèn dintênipun |[62] wayah injing kala sang aji | amarêngi lumampah | anèng Kêndhêng Gunung | wus dangu dhatêng antara | kang gumladhug jawah awuwus katawis | eca samya lêlampah ||
2. jaladara mêndhung anglimuti | ginêlak lampahing wadyabala | tan kêna tindak sang rajèng | duka susunan asru | wong kang ngagur[63] lawan pawèstri | samya kinèn angrayah | lêga marganipun | lêstari kangjêng susunan | lan Mas Răngga makuwon ing Kalimanggis | sadalu enjing budhal ||
3. daut sawadya Têmpuran wus prapti |[64] masanggrahan injingipun budhal | Sela katingal prapta ge | masanggrahan sang prabu | nuntên wontên utusan prapti | sangking Mangkunêgaran | katur ing sang prabu | duta kalih tinimbalan | mantri jêro cumundhuk
--- [f. 98v] ---
ngarsa sang aji | duta kalih pranata ||
4. pun dasih nuwun ngutus putra ji | ngunjukakên ingkang bêkti sêmbah | lan surat pinundhut age | kunêng surat kang katur | sêmbah bêktinipun putra ji | kalihan kang anama | pangran dipati ku | Mangkunêgara kalaywan | Ratu Adipati Bêndara winuni | kang mangke sinung nama ||
5. Pangran Dipati Mangkunêgari | Senapati Ngayuda Nglêlana | Jayaparusa surane | Satrujaya Sang Prabu | Jêng Sunan Pakubuwana Di | Senapati Ngalaga | Ngabdurrahman punjul | Sayidin Panatagama | sasampuning kadya punika lan malih | wiyos atur uninga ||
6. pun dasih kinèn atêngga nêgari |[65] dalêm Pajang Mêtawis gih tiwas | langkung nuwun duka rajèng | pêjah gêsang ngong katur | têmbung tadhah duka kiyai | pramila sapunika | kala tiwasipun | Janêgara tantuk bela | ămba tulung amunah baris Kumpêni | ingkang wontên ing Cala ||
7. sal barkat dalêm kawon Kumpêni | samya lumalywa dhatêng ing Ngyogya | kawula lajêng sang rajèng | kapêthuk abdi prabu | kawon jurit lawan Kumpêni | kang baris Parambanan | Wiranata mangsul | punika kang ngirid mêngsah | ayun mundur wus [wu...]
--- [f. 99r] ---
[...s] cêlak ămba tadhahi | mèh dhidhik katiwasan ||
8. wadya lorèk cêmêng ijêm abrit | sampun kawon lumayya sadaya | kang kantun mantri jro dene | lan wadya patang puluh | dènnya jurit nanging lêt kali | wontên ing Pamêthakan | gènnya aprang dangu | nuntên wadya kawan dasa | nyabrang ngamuk mantri lêbêt anututi | campuh angamuk rampak ||
9. langkung rame carub dènnya jurit | abdi dalêm murugakên tumbak | nanging angsal barkat rajèng | kawon Kumpêni lêbur | ingkang agêng Kumpêni mati | Sanèdêr aranira | kang alit gungipun | gangsal wêlas ingkang pêjah | wadya Bugis pitung dasa ingkang mati | satus kalêbêt Jawa ||
10. kapitan Bugis pêjah satunggil | pun Samangun punika wastanya | nuntên bubar ing dalune | ing Ngayogya wus daut | ing Cacaban bodhol pan mulih | dhumatêng ing Sêmarang | kala mangke prabu | nagri dalêm ing Mataram | Kêdhu Pajang samangke asêpi titis | radin tan wontên mêngsah ||
11. mangke sumăngga karsa sang aji | abdi dalêm wus kumpul sadaya | wus titi sukang[66] sang rajèng | mirsa surat ngêlipun | nulya Răngga dipun timbali | winartan ngêling surat | prayogi i têmbung [tê...]
--- [f. 99v] ---
[...mbung] | wiraos surat jinarwan | myang kang duta Mas Răngga dipun wartani | pinaringkên kang surat ||
12. inggih sunan langkung aprayogi | iya Răngga luwih sukaningwang | mring sun kiyai basane | nuntên damêl sul-angsul | sarta undhang sri narapati | dhatêng wadya sadaya | besuk yan katêmu | putra ngong Mangkunêgara | lan bocahe sakathahe wadya mami | aja na gora gadha ||
13. bêbingkran tutur mênang jurit |[67] poma ya sira padha mênênga | dèn bisa ngênab batine | yèn tinak sirèku |[68] satêngahên ywa anglangkungi | tanapi kah-piyangkah | dèn wani wadyèngsun | kalah iya kasor apa | kawruhana si thole atine lantip | mênèk salah kraita[69] ||
14. wadya aji mintuhu prasami | kawarnaa enjing sampun bubar | sumahab wadyabalane[70] | Wanagiri wus rawuh | masanggrahan sri narapati | dadose punang surat | sul-angsul ing ngriku | pinaringakên ing duta | nuntên lajêng duta kawarna malih |[71] susunan kang kocapa ||
15. sadalu damêl surat nacahi | sarupane mêngsah [mêng...]
--- [f. 100r] ---
[...sah] ingkang pêjah | ing tindak-tindak sang rajèng | wus dadya enjingipun | sampun budhal sri narapati | masanggrahan Lêmpuyang | bodhol injingipun[72] | masanggrahan wontên Juma | nora mangkat sêmana sri narapati | nulya akarya duta ||
16. lurah agandhèk ingkang tinuding | Suratruna ika ranira |[73] ya ta ngandika sang rajèng | poma wawêkas ingsun | yèn wus dhawuh balia aglis | aja kongsi sun prapta | nêgara Mêtarum | yèn durung padha samêkta | langkung ajrih wêling dalêm anglangkungi | duta nêmbah wus kintar ||
17. sampun lêpas dènira lumaris | ênêngêna gantia kocapa | kang anèng Pajang barise | Ardi Maos gènipun | Kangjêng Pangran Mangkunêgari | pêpak sawadyanira | sangêt ngayun-ayun | utusan kang tur uninga | tan antara utusan kalih wus prapti | sowan dhatêng pangeran ||
18. kang duta matur saha wotsari | sampun gusti kawula kaduta | sowan dhumatêng sang rajèng | lampah kula kapêthuk | lan nalendra ing Wanagiri | katur sawêling tuwan | dhumatêng sang prabu | surat sampeyan tinampan | de nalendra katupiksa ngêling tulis | langkung suka jêng sunan ||
19. nuntên kula kapatêdhan tulis | angsul-angsul de kangjêng susunan | punika gusti surate | tinampan tan asantun | duk binuka kang punang tulis | winaos [wina...]
--- [f. 100v] ---
[...os] ing pangeran | surate sang prabu | pèngêt iki layang êsah | salam donganingsun Jêng Sunan Mêtawis | nama Pakubuwana ||
20. Senapati Ing Laga tuwin |[74] Ngabdurrahman Sayidin Anata- | gama Rasulullah mangke | dhawuha putraningsun | Ki Dipati Mangkunêgari | lire sira kongkonan | ya wus têka mring sun | lan sira ngaturi surat | apêkara gonira tunggu nêgari | iya wus sun tarima ||
21. lan maninge sira atur uning | lamun sira aprang lan Wêlănda | ing Parambanan barise | nanging olèh pitulung | têtumpêsan wadya Kumpêni | lamun akèh kang pêjah | tanapi kang tatu | ing mangke ya putraningwang | saka liwat suka rênaning sun galih | luwih dening tarima ||
22. la[75] maninge paring idhêp maning | marang sira iya putraningwang | prakara lakyèngsun mangke | tutug sakrêsaningsun | pitulung Yyang mring jênêng mami | Kêdhu Bagêlèn rata | dening lakuningsun | pasisir kulon wus rata | dening mêngko ingsun kondur mring Mêtawis | yèn sêmbada lan sira ||
23. sira gawèkêna putra mami | pasanggrahan iya kang prayoga | kang rata jêmbar papane | ing kiwa têngênipun | pasar gêdhe ingkang prayogi | iya sawetan umpak [u...]
--- [f. 101r] ---
[...mpak] | ingkang pêrak banyu | lan kang ngukurakên[76] arga | ingkang parak-parak ing sêmpayak uni | măngsa bodhoa sira ||
24. rêrêmbugana ingkang abêcik | lan Si Besan kang wêruh ing papan | poma dèn kêlakon age | besuk sarawuh ingsun | katêmua wus dadi dhingin | poma ta putraningwang | garapên dèn gupuh | satêkane layang ingwang | sampun titi wau ta kang punang tulis | ing wingking titi măngsa ||
25. anuntên Pangran Mangkunêgari | aputusan kang rayi ngaturan | pangran dipati ing mangke | lan sakèhing tumênggung | ki dipati dipun timbali | kalawan Janapura | lumampah sadarum | datan kawarna ing marga | wus apanggih lan Pangran Mangkunêgari | kang ngiring wong nonoman ||
58. Sinom
1. wus akumpul rêrêmbagan | pangran kalawan kang rayi | wau pangeran dipatya | tanapi kyai dipati | Janapura tan kari | samya maos suratipun | wau kangjêng susunan | ki dipati dipun tari | dhatêng sira Pangeran Makunêgara ||
2. kadipundi kang prayoga | pasanggrahane kiyai | papan ingkang nètèsana | kadya saungêling tulis | Ki Janingrat turnya ris | tan wontên prayoganipun | liyan sangking Pabrêkan | sadaya sami nauri | inggih lêrês punika langkung prayoga ||
--- [f. 101v] ---
3. yèn kănca padha wus rêmbag | inggih kula damêl dadi | prayoga paman andika | sakănca kang kula tuding | dika damêla ugi | pasanggrahane sang prabu | igih tamtu Pabrêkan | măngsa barong[77] dika ugi | ingkang sae pasang rakiting kadhatyan ||
4. Janingrat matur sandika | nuntên lumampah sira glis | sakancanira sadaya | damêl pasanggrahan aji | Pangran Mangkunêgari | Pangran Dipati Nom wau | Pangran Mangkudiningrat | sadaya sami lumaris | mring Pabrêkan sawadyabala lumampah ||
5. samya dangdan pasanggrahan- | ira pribadi-pribadi | antawise tigang dina | nuntên wontên gandhèk prapti | adan sowan tumuli | dhawuhkên timbalan prabu | mring pangran adipatya | kang nama Mangkunêgari | pan mangkana têmbungipun punang duta ||
6. timbalan dalêm dhawuha | mring dika pangran dipati | kariyin kang salam donga | lan malih kula tinuding | de kangjêng sri bupati | kinèn apariksa wau | punapa sampun dadya | pasanggrahane narpati | lamun dèrèng sampeyan kinèn gêlaka ||
7. kalayan ingkang bupatya | sawarnine ingkang kari | ingandikakên mapaga | ing lampah jêng sri bupati | badhe ambêkta bêdhil | mariyêm ta lampahipun | pangran mangkya ngandika | kiyai ana ing ngêndi | gandhèk matur sawingking kula nèng Juma ||
8. kariyin karsa [kar...]
--- [f. 102r] ---
[...sa] anungkak | ing salampah kula gusti | Jayaningrat tinimbalan | Janapura nora kari | prayayi kalih prapti | pangran angandika asru | puniki gandhèk prapta | ngêmban timbalan sang aji | ngegalakên puniki kang pasanggrahan ||
9. inggih anuntên dadosa | Jayaningrat matur aris | inggih kawula sandika | punika kantun akêdhik | kadi botên niwasi | ing sarawuhirèng prabu | pangran malih ngandika | inggih paman lawan malih | sarupane sami ngandikakkên mapag ||
10. kănca kang kantun sadaya | inggih badhe bakta bêdhil | mariyêm ingkang bandhangan | sangking ing Ngastinapati | sandika ture sami | anulya prasamya mantuk | pangran malih ngandika | Suratruna aja bali | sawab pasanggrahan iya durung dadya ||
11. Suratruna matur nêmbah | gusti kawula langkung jrih | nuntên ngandikakên nulak | hèh iya aja kuwatir | lamun dipun dukani | lah iya ingsun kang nanggung | ing dêduka nalendra | anêngêna[78] kang winarni | jêng sinuwun wus budhal sangking ing Juma ||
12. Tigawanu masanggrahan | enjingipun budhal malih | masanggrahan anèng Pucang | enjingipun budhal malih | Pasantrèn sampun prapti | sunan rêrêb kalih dalu | kang damêl pasanggrahan | wus [wu...]
--- [f. 102v] ---
[...s] dadya ngaturi uning | mring pangeran yèn pasanggrahan wus dadya ||
13. pangran nulya angandika | lah gandhèk mintara aglis | angaturana uninga | yèn pasanggrahan wus dadi | gandhèk mintar tumuli | jêng sinuwun kang winuwus | sangking Pasantrèn budhal | Janingrat wus mirsa warti | pradangdanan dhêdhaharan arsa mapag ||
14. Janingrat sampun kapapag | ing jumênêng lan narpati | sunan lajêng masanggrahan | sadalu injing lumaris | nuntên kang putra sami | Pangran Makunêgarèku | lan pangran adipatya | kalawan nyai dipati | Pangran Mangkudiningrat lan Janapura ||
15. samya mêthuk Madegănda | langkung suka sri bopati | abungah marwata suta | ingkang galih alit ardi | kang putra pêpak sami | adangu rêrasan prabu | agupita lan putra | agusthi tingkahing jurit | lan kang putra ganti warti-winartanan[79] ||
16. wus dangu dènnya rêrasan | adan tindak sri bupati | nuntên rawuh ing Pabrêkan | kitha Pabrêkan wus dadi | urmat kang êdrèl muni | mariyêm lir gunung rubuh | sarta gamêlan munggang | tambur salomprèt lan suling | tan kawarna narendra manjing kadhatyan ||
17. lajêng dhêdharan nalendra | lumintu saosan aji | ingkang saking ki dipatya | waradin dhatêng pakathik | lir sarah dadol wajik | sêkul ulam kadi gunung | sadintên adhêdharan | wus [wu...]
--- [f. 103r] ---
[...s] wanuh luwaran aji | para putra bupati mundur sadaya ||
18. sêmana gêmah raharja | eca manahe wong cilik | tulus panjênêngan nata | kang abdi pêpakan sami | wadya Pajang Matawis | Kêdhu Pagêlèn akumpul | kang rayi ingutusan | kang têngga Pagêlèn uni | Pangran Purbaya Pangran Mangkukusuma ||
19. sadaya prasamya prapta | nuntên kang raka narpati | Pangeran Adiwijaya | lan Jayadirja tinuding | ngirid putra kêkalih | tinanggênah anèng Kêdhu | Radèn Mangkudiwirya | lan Dyan Mangkuwijayèki | anjagaa ing Kêdhu angayunmana[80] ||
20. catur ngabêkti dan mangkat | nuntên anduta sang aji | dhumatêng ing Sokawatya | ingkang ibu dèn aturi | myang garwa putra sami | pan tinimbalan sadarum | wus lumampah kang duta | datan kawarna ing margi | prapta Sokawatya mas tumimbul toya ||
59. Maskumambang
1. sarêng sowan sang duta matur wotsari | kawula dinuta | de putra sampeyan aji | ămba kinèn tur uninga ||
2. nênggih putra sampeyan jêng sri bupati | mangke mapan angsal | pitulunging Ywang Kang Luwih | punika malih tur surat ||
3. duk binuka pèngêt punika kang bêkti | saking putra tuwan | Sunan Pakubuwana Di | Senapati ing Ngalaga ||
--- [f. 103v] ---
4. Ngabdurrahman Sayidin Panatagami | katura sampeyan | ibu sori lawan malih | kang salam donga dhawuha ||
5. dhatêng sori Ratu Kêncana myang rayi | miwah putra-putra | sampuning dhawuh lirnèki | ratu kula tur uninga ||
6. aprakawis lampah kula gih basuki | angsal donga dika | kula nglêlana don jurit | ngrêbat nagari wus rata ||
7. kang kulambah Kêdhu Pagêlèn lan malih | pasisir sadaya | bang kilèn wus rata sami | dening mangke ratu kula ||
8. angêdhaton wontên nêgari Mêtawis | angrêrêmkên wadya | mangke ratu kula turi | lan sakèhe mantu dika ||
9. lawan wayah dika bêkta ibu sami | anuntên mangkata | sadhatange surat mami | inggih dipun inggal |[81]|
10. ratu sakêlangkung dening onêng mami | tan kapanggih lama | pyuhing tyas bungah kapati | sadaya marwata suta ||
11. kusung-kusung sadaya amirsa tulis | dyan samya adangdan | ratu putra para rabi | sasampunira adangdan ||
12. karsanipun nulya agea pêpanggih | anulya bubaran | ginêlak lampahing margi | kêsêl anglih tan angrasa ||
13. saking samya onêngipun age panggih | wus cêlak lampahnya | sang duta nulya rumiyin | tur uninga mring
--- [f. 104r] ---
sang nata ||
14. lamun kangjêng ratu garwa putra prapti | langkung dening suka | Susunan Adi Mêtawis | nulya dhawuhkên timbalan ||
15. undhang-undhang sadadaya kinèn abaris |[82] wadya jro myang jaba | Mangkunêgara tan kari | dening kang jajari nata ||
16. badhenipun Suranata lan Kapilih | jajaran wus atap | ngalun-alun dènnya baris | sangking lèr tandhês paglaran ||
17. têpung pundhak jêjêl sangking kèhing abdi | angrasuk sang nata | kaprajuritan rinakit | apantês norana ingwang ||
18. lamun tinon baguse susunan kadi | Ywang Asmara dharat | kang nginggalkên nuli-nuli | pating balêbêr sandêran ||
19. wong nanonton atimbak pinggiring margi | samya yun uninga | mring gusti kang lagya prapti | padha mirut wong sapasar ||
20. pan ajêjêl arêbat panggenan sami | nora etang panas | arêbatan dipun gèni | sawênèh ana tukaran ||
21. sampun katur dhumatêng sri narapati | kangjêng ratu prapta | adan miyos sri bupati | ginarêbêg ing biyada ||
22. para èstri atap samya nandhang samir | sêlur upacara | samya tap munggèng ing ngarsi | nèng wingking punang ampilan ||
23. lumakyalon sang nata wus prapta wijil | arêg[83] ing pasowan | pêpak sumaos ing kardi | atata wong Suranata ||
24. lampahira nèng wurine para gusti | pantês tanna ingwang | tuhu yèn ratu prajurit | kang cahya kadya sasăngka ||
--- [f. 104v] ---
25. yèn dinulu kadi ratu sangking syargi | wijil kalih dungkap | pagêlaran arêg sami | bangsal pêngrawit wus lênggah ||
26. asung sipta wadya wus majêng prasami | nginggalkên sandêran | lumintu gandhèk narpati | kangjêng ratu wus katingal ||
27. tan antara punang mariyêm pan muni | nyarêngi kang munggang | gumarudug êdrèl muni | salomprèt maesa wiyat ||
60. Kinanthi
1. suling barung bèri umyung | bêdhil gumrudug nyarêngi | syarane lir gunung rêbah | tan pêgat sênjata muni | kangjêng ratu sampun têdhak | sunan têdhak tan asari ||
2. samya tumêdhak sadarum | garwa putra miwah sêlir | mapan wus têdhak sadaya | ratu bêndara barêngi | ibu sori duk tumingal | kang putra dèn palajêngi ||
3. pinêkul-pêkul sang prabu | dhuh putra ngong kaki aji | langkung sokur ngong Pangeran | yuswanira abasuki | ingong têdha ing Pangeran | tulusa dadya narpati ||
4. sun têdha Gusti Ywang Agung | dyan sunan sampun kinanthi | ibu sori munggèng kanan | putra kinanthi ing kering | kang nama Kangjêng Radèn Mas | Atimur sinihan aji ||
5. Kangjêng Ratu Kêncanèku | garwa putra miwah sêlir | wus dhingin malêbèng pura | jêng ratu lawan sang aji | lir Bêthari Kuthyatmaja | putra pêmbayun kinanthi ||
6. padha kasmaran [kasmara...]
--- [f. 105r] ---
[...n] kang dulu | dening tulus sri bupati | jumênêng Ratu Mêtaram | sunan wus lumêbèng puri | narendra sampun pinarak | jajar lawan ibu sori ||
7. myang pramèswari jêng ratu | nuntên ingkang para yayi | samya ngabêkti agantya | wusan garwa putra ganti | langkung suka sri nalendra | bungah gêng acili wukir ||
8. marwata suta sang prabu | sarawuhe ibu sori | tanapi kang para garwa | putra-putra ngujung sami | langkung suka sokur ing Ywang | sanalika tan asari ||
9. nulya kang tadhahan rawuh | sêsaosaning narpati | kang nămpa padha yu endah | padha payyas anom sami | samya nandhang samir sutra | pêpingitaning narpati ||
10. nulya adhahar sang prabu | lawan ibu pramèswari | sri aèng kang sêsaosan | wusan anulya cinarik | lorodan gumanti garwa | miwah putra-putra sami ||
11. tan kurang wrata sadarum | miwah kang dhatêng pakathik | bupati tinundhung bubar | duk urmat mariyêm siji | Jaka Wlèri ingkang tiwas | barkatan Ngastinapati ||
12. kabandhang duk tiwasipun | bêdhahe Ngastinapati | wus sumurup sang yang arka | gumantya padhanging sasi | wong dalêm prasamya inggar | dodolan myang ngagit[84] sari ||
13. tan winarna polahipun | kèh parêkan kang winuni | adêdalon
--- [f. 105v] ---
sri nalendra | winartan kang ibu sori | myang garwa-garwa lan putra | kang jinarwa polah jurit ||
14. ginusthi duk Kali Murung | samya sukur suka sami | lajêng Gawong ginupita | langkung marma para yayi | nuntên prang Mlaran winarna | lajêng Jênar kang ginupit ||
15. mèh dhidhik nêmahi lampus | garwa putra mirsa sami | samya gagêtun ing nala | dening liwat amlas asih | dadi apa yèn tiwasa | nora nana ngong ngèngèri ||
16. sangsaya karasèng kalbu | para garwa luhnya mijil | langkung angrês amiyarsa | karantan-rantan ing galih | gumujêng sri naranata | nuntên wau kang ginupit ||
17. Pangangsalan bêdhahipun | langkung wrat sinăngga jurit | dèrèng lipur para garwa | sarêng kondur kang ginupit | paglêdhug jawah wu ika | samya rês ingkang miyarsi ||
18. kang garwa suka sadarum | mirsa pangandika aji | dening ta nora kayaa | ing mêngke têmah basuki | sigêgên pan sampun enjang | kalangkung eca kang galih ||
19. ngadhaton Mataram sampun | Pabrêkan kang dipun gèni | wus kumpul wadya sadaya | miwah ingkang rayi-rayi | tanapi kang para garwa | ibu putra sampun prapti ||
--- [f. 106r] ---
20. pan sampun kumpul sadarum | langkung suka sri bupati | kalintang ing sukurira | mri[85] Pangeran Ingkang Luwih | rumaos lamun ganjaran- | ing Ywang Ingkang Maha Suci ||
21. dening mangke sang aprabu | taksih acangcangan jurit | lawan Kumpêni Sêmarang | kang dadya kawitannèki | arêbat nêgaranira | Kumpêni ingkang nyidrani ||
22. milanipun sang aprabu | sangêt anêdha Ywang Widi | mulyaa nêgarinira | kadia kang dhingin-dhingin | mila salat jêng susunan | limang wêktu anêtêpi ||
23. yèn bakda salat sang prabu | adangdan-dandan prasami | waos bêdhil lan bandera | bandhangan pêdhang prasami | ginawe tumbak sadaya | bêdhil karbin iku singgih ||
24. cinêkêlakên sadarum | de wong Suranata sami | lan karya pangangge indah | langkung dening warni-warni | kumpul sagolonganira | pinantês dening sang aji ||
25. ngajrihi lamun dinulu | yèn kumpul awarni-warni | sinêngkalan nèng Pabrêkan | mangsaning pandhita singgih | angosikakên ing jalma |[86] sri nalendra arsa mijil ||
61. Mijil
1. tanpantuk don lami tan tinangkil | dadya krêsa miyos | wus
--- [f. 106v] ---
angrasuk busananirajèng | prabawa mancur cah nêlahi |[87] wignya tur asêkti | citra lir piturun ||
2. upacara atap anèng ngarsi | kang nămpa yu anom | samya waos gănda wida jêne | rema kêbêk ing gambir mêlathi | samya nandhang samir | sutra jênar patut ||
3. sampun putus pangagya[88] narpati | adan lumakyalon | ginarêbêg ing pawongan akèh | sri bupati wus prapta wijile |[89] arêg kang anangkil | Suranata kumpul ||
4. pan lumakya nèng wuri pawèstri | asri lamun tinon | sampun dungkap wijil kalih rajèng | ing paglaran kang sowan mênuhi | pêpak wadya aji | ajajar alungguh ||
5. orêg kabèh wadya kang anangkil | akucêm yèn tinon | wus pinarak pêngrawit sang rajèng | asung sipta wadya samya tampi | majêng tap ing ngarsi | jajaran supênuh ||
6. samya tumungkul sila awriwrin | anon ing sang katong | bokmanawa asarêng liringe | bilih nata kadukani tampi | sumungkêm ing siti | sakathah wadya gung ||
7. Pangran Mangkunêgara nêngahi | ing ngarsa sang katong | mugèng kanan bupati sakèhe | Ki Mas Rong ingkang anambungi |[90] Wiradigda malih | Măndraka sumambung ||
8. Singaranu
--- [f. 107r] ---
jajar Sawunggaling | Cakrajaya kawong | dêmang răngga ngabèi jajare | pandêlêgan lawan ăndhamoi | kandhuruan nangkil | wadya jro sumambung ||
9. ingkang wetan sêntana kang nangkil | pêpak warga katong | datan wontên nyênyami pangage | Pangran Purbaya jajar alinggih | ingkang anambungi | wau wetanipun ||
10. Pangeran Mangkudiningrat tuwin | nuntên kering kang wong | Pangran Mangkukusuma jajare | Jayaningrat Janapura tuwin | sakèh wong Mêtawis | gêdhong kang sumambung ||
11. pangran dipati ngarsa sang aji | ajajar akaron | lan Pangran Mangkunêgara mangke | wus supênuh wadya kang anangkil | nora nana gusthi | angandika prabu ||
12. iya putra ngong Mangkunêgari | tanapi wadya ngong | wus alawas sun ngadhaton kene | apa jaba nora nana warti | dyan pangran abêkti | tinap aturipun ||
13. kawula nuwun kathah kang warti | kathah abdi katong | pun paman Purubaya wartine | pun Anggawăngsa arsa ngabêkti | dhatêng sri bupati | pan anuwun pêthuk ||
14. inggih mêngkatên paman kang warti | tan cidra tur ingong | tan asiwah nak lurah ature | ngandika kangjêng sri narapati | yèn nyata kang warti | langkung sukaningsun ||
15. yèn mêngkono [mêngko...]
--- [f. 107v] ---
[...no] karsaningsun ugi | prayoga putra ngong | bêcik pinapag sapênjaluke | inggih sumăngga karsa sang aji | yèn sêmbada kaki | Si Răngga ngong utus ||
16. mênawa cidra kuwat nadhahi | yèn ngandêl têmên wong | pangran sakêlangkung rêmbag ture | angandika susunan amanis | Răngga sira uni | ngong duta dèn gupuh ||
17. amapaga wong kang arsa bêkti | sun kanthèni kang wong | Si Ngabèi Sindusastra rane | lawan Sawunggaling kang tut wuri | Răngga nêmbah aji | sandika turipun ||
18. Pangran Mangkunêgara tur bêkti | umatur ing katong | nuwun duka tur uninga ngrajèng | abdi dalêm ingkang têngga margi | suwala ing pikir | tan wontên sarêju ||
19. Yitnajaya lan Kartanêgari | rêbat bawah kang wong | kula sumăngga karsa sang rajèng | sri nalendra mapan wus kadugi | Yitnajaya[91] iki | anulya pinundhut ||
20. angandika kangjêng sri bupati | sira putraningong | apa mirsa ing Sala kabare | inggih wontên sinuwun kang warti | sangking wadya ngarsi | manawi tan tuhu ||
21. pun paman Pakuningrat kang warti | arsa sowan katong | jrih kacina dene yayi rajèng | gih punika manawi tan yêkti | bênêr putra mami | wus duta rumuhun ||
22. kongkonane mring kadange èstri | matur lamun repot | nging bêktine pasthi yèn marene | anging ngiriban ingkang arêpit | dutane [du...]
--- [f. 108r] ---
[...tane] wus mulih | binêktanan kintun ||
23. panduganingsun lamun sayêkti | têrus wartanya wong | anging sun duga amrih silibe | igih pangandika aji |[92] dèrèng tuk tingal ning | samuning pangakuh ||
24. yèn mêngkono karsèngsun ki mantri | timbalana kang wong | wadyanira kang pangarsa age | sira kon amapag wong kang bêcik | kêlar anadhahi | ing sapatutipun ||
25. matur sandika pangran ngabêkti | luwaran sang katong | kundur ginarêbêg pawongane | tambur salomprèt ingkang amlingi | wus manjing ing puri | kang seba wus mantuk ||
26. injing Mas Răngga bubur[93] tumuli | asêlur punang wong | tan kawarna sigêgên lampahe | kang kocapa ing Sala winarni | kang arsa nyidrani | ing èsmu padha wruh ||
27. Radyan Pakuningrat langkung wiwrin | pakewuh lêlakon | duta dhatêng wus têlas tuture | dadya kêncêng nêmpuh byat ing ati | langkung wrate kang sih | dhatêng kadangipun ||
28. dhasaripun wus sêdya abêkti | dhumatêng sang katong | sawab tantuk prayoga galihe | Radèn Pringgalaya kang ngêntèni | langkung dening sakit | ingakah piyangkuh ||
29. sakêlangkung kasmaran pawarti | rèhira sang katong | ing Mataram prayoga lampahe | wus arêmbag Ki Bênêr kang dèn prih | lan sêntananèki | kalihan kèh rêmbug ||
--- [f. 108v] ---
30. sinamar samun tyas mintambuhi[94] | nging kuningan katong | wus rinêmbug dening wadya kabèh | măngsa wurunga kathah lirnèki | dadya ta dipun prih | cinêkêl sadarum ||
31. langkung arêpit kang mangarahi | tan măntra muku wong | witning kang dèn prih langku[95] landhêpe | mèh nêmahi kasêsa ing ati | durmane kang kari | wus bonglot ing dalu ||
62. Durma
1. sampun kentar datan abêkta parêpat | amrih inggaling margi | rencange sadaya | ana wong kawan dasa | anging bêkta anak rabi | sadaya dharat | ingkang samya tut wingking ||
2. nging Ki Bênêr ambêkta dhuwung satugal | tumbak lan kang nak rabi | sadaya mangkana | barang-barang dèn tilar | witning sampun agancangi | amêsthi tiwas | sadaya dèn cêkêli ||
3. ingkang wingking wong Sala pan sampun rêmbag | nulya dèn garudugi | sagêgamanira | pinasthi lamun kêna | gêgamane dipun palih | Pakuningratan | lan Ki Bênêr kang dèn prih ||
4. wong kêkalih kang pinêndêng witing ala | kang kèh tan dèn rawati | sapalih wus prapti |[96] wau Pakuningratan | kang sapalih wus nêkani | Bênrê[97] wismanya | sampun kapanggih sêpi ||
5. langkung cuwa sadaya wadya ing Sala | dening kapanggih sêpi | mèh dhidhik kewala | anulya dipun rayah | pan sampun dipun jarahi | Pakuningratan | Kabênêran tan [ta...]
--- [f. 109r] ---
[...n] kari ||
6. sampun têlas darbèke kang kantun wisma | sampun katur sang aji | susunan ing Sala | kinèn nusul lampahnya | tan kacandhak sampun têbih | sigêg kocapa | kang kentar wus kapanggih ||
7. lawan wadya barisan ingkang amapag | suka sadaya sami | ngraos olèh karya | wus lajêng lampah inggal | wus prapta nagri Mêntawis | katur pangeran | lakung suka ing galih ||
8. Ki Mas Răngga sêmana wus lami prapta | lampah tan olèh kardi | mèh kalbèng loropan | yèn sampun[98] aprayitna | tan arsa nyabrang ing kali | Ki Ănggawăngsa | lami nganti tan prapti ||
9. dadya mundur wus katur salampahira | gantya ingkang winarni | Galesong wus lama | katriman bojonira | Cakradipa ingkang lalis | sangking sih nata | sarta pinaring sabin ||
10. karya sèwu waradin sarencangira | pinrih eca tyasnèki | nama lih katriman | tuwin Sayid Durrahman | sêntana kapêrnah rayi | dhatêng narindra | botên antawis lami ||
11. wontên abdi dalêm Walănda têtiga | sami lip-lap nyidrani | ngajak-ajak minggat | Galesong winarahan | pan sarta dèn wawêdèni | akathah-kathah | nutur adat narpati ||
12. lamun olih tatêlukan wadya sabrang | yèn anyar dèn ecani | yèn wis lawas-lawas |
--- [f. 109v] ---
anuli pinatenan | Galesong mirsa dadya jrih | wus ngrasa dosa | marêngi angsal margi ||
13. nulya minggat ing dalu sarencangira | kuningan sarêng enjing | lajêng katur nata | kinèn nusul dèn inggal | kalamun kacandhak margi | ingkang katêdah | abdi dalêm bupati ||
14. Radèn Jayèngrana lan Suryanêgara | myang Danawarsa tuwin | Kapitan Juwana | ngirid sakancanira | wus mangkat ganti kawarni | wau kang migat[99] | Galesong sampun têbih ||
15. sasanake kang sami akêkapalan | Bayala[100] wus prapti |[101] rencange kang kathah | ura samarga-marga | kang repot kari atêbih | enggal kacandhak | kang nutut dèn cêkêli ||
16. ingkang ngamuk akathah pan sampun pêjah | abdi dalêm basuki | amung Ki Juwana | tiwas kanin baunya | kang marjaya inggih lalis | ikang palastra | sadaya tan winilis ||
17. ingkang nutut kacêpêng pan kalih wêlas | sami binêkta mulih | lajêng katur nata | satingkahing dinuta | myang bêstan katur sang aji | sami ngapura | ingabdèkakên malih ||
18. jêng susunan karsa miyos magêlaran | ngrasuk kaprabon aji | sampun asiyaga | nulya miyos sang nata | ginarêbêg i pawèstri | samya yu endah | pacara tping[102] ngarsi |[103]|
19. ingkang nămpa samya nandhang samir sutra [su...]
--- [f. 110r] ---
[...tra] | jênar kalangkung asri | wau kang sewaka | sagung para bupatya | sêntana myang para mantri | pêpak sadaya | orêg anon sang aji ||
20. pra prajurit kang baris sampun atata | wau ta sri bupati | rawuh pagêlaran | pinarak kathil[104] dênta | asung sipta mring kang nangkil | majêng sadaya | myang ingkang lagya prapti ||
21. Radyan Pakuningrat majêng sakancanya | angujung mring sang aji | ngujung gantya-gantya | mundur saha wotsêkar | wus tata sami alinggih | bungkuh[105] nèng ngarsa | karna kanan tumiling ||
22. langkung ulap anon ujyalaning nata | dening amindha rawi | ya ta sri nalendra | arum kang pangandika | bageya kang lagya prapti | dhi Pakuningrat | sira padha basuki ||
23. matur nêmbah Radèn Arya Pakuningrat | inggih barkat sang aji | angandika nata | kabèh kang lagi prapta | sira ta padha basuki | matur wotsêkar | nuwun inggih basuki ||
24. kamangkara sira yayi Pakuningrat | sira marang Mêtawis | apantês gêtuna | nora amagih wirya | pasthi papa lara ngêlih | sira nèng Sala | wus awirya amukti ||
25. nigal wirya mring Matam manggih papa |[106] Dyan Pakuningrat bêkti | sanadyan wiryaa | wontên nêgari Sala | pun dasih sêdya angabdi | dhatêng panduka | ămba têmahan sakit ||
26. sampun sakit nadyan dhumatênga pêjah | nyaosi karya aji | pan sampun kajarag [kajara...]
--- [f. 110v] ---
[...g] | sangking nêgari Sala | sêsinau tumut sakit | bili mênawa | tulus jênêng sang aji ||
27. iya yayi liwat tarima manira | bêktinira ing kami | pirabara benjang | olèh barkate eyang | luwih bêgjanira yayi | amanggih wirya | luwih karsa Yyang Widi ||
28. alah iya bocah ingkang têka anyar | sira padha tut wuri | lunga têka Sala | milu dhi Pakuningrat | apa sira sêja sami | kaya aturnya | si adhi maring mami ||
29. Suraprameya Bênêr sarencangira | samya matur ngabêkti | anuwun nalendra | mila ba sami prapta | ing byantara sowan aji | bêkti nalendra | ngunjukên[107] pati urip ||
30. apa sira têmên-têmên baktinira | mring sun wong kawlasasih | anuwun kalintang | iya ingsun tarima | nulya luwaran sang aji | manjing ing pura | ginarêbêg ing èstri ||
31. tambur salomprèt gumrah lir pendah gêrah | tan kawarnaa malih | kang sowan wus bubar | sontên pangran ngandikan | Dyan Pakuningrat tan kari | sarencangira | adêdalon nèng wuri ||
63. Pangkur
1. dinangu Dyan Pakuningrat | de sang prabu tingkah polahirèng nguni |[108] duk nèng Sala purwanipun | anglir wong cêcarita | purwa madya wêsana katur sang prabu | sang nata kalangkung suka [su...]
--- [f. 111r] ---
[...ka] | wus dalu tinundhung mulih ||
2. datan kawara enjang |[109] kunêng gantya wau ingkang winarni | Radèn Janingrat kang kantun | tinilar Pangangsalan | apacak baris ing Batang prênahipun | akalihan Cakrajaya | Jayèngrana datan kari ||
3. dening Walănda nèng Kêndhal | barisipun pangagênge kang nami | Kumêndam Mabrêm ranipun | kalawan pun Hèrsungrat | wong Sala kyèh bupatine Ki Tumênggung | Rajaniti Wiradigda | Tumênggung Mangkuyudèki ||
4. Surajênggala kalawan | Malang nêgara wontên Wêlandi Têgil |[110] pun Barêgad wêstanipun | Jayèngrana sêmana | salah pikire owah bêktining ratu | utusan dhatêng Walănda | karêpe agawe bêcik ||
5. ingkang abaris ing Kêndhal | amêwani karêpe angajak gitik |[111] yèn Radèn Janingrat iku | babêcike wis têlas | nuli dèn lakonana Kumpêni nurut | tan antara nuli bubar | lampahe mêdal pasisir ||
6. muwara Batang wus prapta | Jayèngrana rêmbag mundur mring ardi | ing Kalopre aranipun | Dyan Janingrat arêmbag | Cakrajaya mapan inggih sami rêmbug | nora nyana lamun cidra | wus mangkat radèn dipati ||
7. kalihan Ki Cakrajaya | Jayèngrana wus mantuk dhatêng nagri | wong Kumpêna[112] sampun rawuh | nêgara Pangangsalan [Pa...]
--- [f. 111v] ---
[...ngangsalan] | Jayèngrana prapta manggihi jingipun | wong Kumpêni pinikiran | angajak gêpuk tumuli ||
8. mring Kalompre[113] barisira | Jayaningrat lawan Cakrajayèki | Kumpêni bubar jingipun | kang macalang uninga | suka warta yèn mêngsah prapta sadarum | dangdan dèn dipati mangkat | marang Guntur wong Kumpêni ||
9. sampun parak nora adan | campuh aprang rok ramya silih ukih | sadintên bêdhil gumrudug | dènnya prang têtumpêsan | wadyanira namèng dhadha akèh lampus | miwah wadya Judhipatya | kang tan tisna tilar sami ||
10. kesisan kantun piyambak | Dèn Janingrat panggah dènira jurit | kapal binêkta lumayu | dening ta gamêlira | tan gumingsir rahadyan tan arsa mundur | wong Kumpêni sampun cêlak | radyan ginarudug bêdhil ||
11. pangrêksaning Ywang tan kêna | dening mimis wadyanira kang asih | nanging samya ngajak mundur | rahadyan nora arsa | langkung wirang angigit-igit ing kalbu | Jayèngrana kang dèn arah | tan katingal nilap wiwrin ||
12. anèng ya umpêtan |[114] wong Kumpêni wus cêlak ngrasang[115] wani | tan kêna gop bêdhilipun | wadya kathah kang kêna | kang satêngah anilar ing gustinipun | kang tisna samya karuna | sarta angrêbat [angrê...]
--- [f. 112r] ---
[...bat] ing gusti ||
13. binêkta mundur rahadyan | pinêstulan dening mungsuh Kumpêni | pangrêksaning Ywang Kang Agung | rahadèn nora kêna | lêstari jog Wanabadra wadyanipun | samya nusul ingkang tisna | enjinge mring Wanadadi ||
14. rahadèn lêrêb sapasar | nulya radèn Suralaya kang prapti | akathah wadyanirèku | lan suta dika Têgal | sampun kumpul Ki Cakrajaya amuwus | radèn sampun kalayatan | inggal parêka Mêtawis ||
15. injingipun samya bubar | tanah Bantir ingkang dipun pondhoki | ingkang garwa kinèn laju | dhatêng kitha Pabrêkan | kèndêl Kêdhu ingkang ibu sedanipun | anèng ing Kêdhu sêmana | sigêgên kocapa malih ||
16. Kangjêng Susunan Mataram | wus amirsa Dyan Janingrat Dipati | lamun kalah yudanipun | aprang wontên Ngastina | lan Kumpêni mring Kêdhu palajêngipun | krêsa dalêm ingutusan | kinèn mundur mring Mêtawis ||
64. Durma
1. jêng susunan anduta wong Suranata | awasta Ki Muhyidin[116] | Muhyidin arinya | jêng susunan ngandika | hèh bocah ingong kêkalih | sira mintara | ngong duta andhawuhi ||
2. mring si adhi Jayaningrat ing Ngastina | si adhi ingkang èstri | sagoning kapapag |
--- [f. 112v] ---
nuli sira gowoa | Si Măndaraka kang ngirid | ingkang angangkat | gêgawane si adhi ||
3. lan dhawuhna mring si adhi Jayaningrat | prakara anak mami | si êbèng pan arsa | ngong ningkahakên inggal | ya kalawan ki ngabèi | sira taria | babo ta ari mami ||
4. supane arsa têmu lawan ingwang |[117] iya luwih abêcik | kalamun sebaa | iya ingsun tarima | lah warahên sun lilani | dening prakara | musuh kalamun prapti ||
5. dhawuhana si adhi aja asusah | masthi ingsun bantoni | yèn awrat sinăngga | si adhi lumayua | mring nagara ing Mêtawis | sun dhewe mapag | lan paring idhêp mami ||
6. yèn arine si adhi ta Pakuningrat | wus têka ing Matawis | aseba maringwang | gawa kancane kathah | luwih lêga ati mami | sanak alêmpak | dhawuhna mring si adhi ||
7. poma-poma aja sira bali ngawan | susulên sagonnèki | aja wêdi mêngsah | dudu kawulaningwang | yèn sira kandhêg pawarti | alah ta poma | dèn bisa amrayogi ||
8. lah wis sira paringa idhêp nak ingwang | maraa mring dipati | Ki Mangkunêgara | sawêling ngong tutura | yèn wus maring ki dipati | nuli mangkata | ja seba ingsun maning ||
9. pamrihira wong puniku kuningana | yèn abdinipun lami | dhumatêng kang putra | wong
--- [f. 113r] ---
roro nuwun nêmbah | wus kentar sing ngarsa aji | lajêng lumampah | tan kawarna ing margi ||
10. wus apanggih lan Pangran Mangkunêgara | angucap Ki Muhidin | timbalan nalendra | pangran andika |[118] aparing idhêp sang aji | lamun kawula | dinuta mring sang aji ||
11. kinèn kintar amêthuk Radèn Janingrat | saênggone kapanggih | lan pun Măndaraka | punika kănca kula | tinutur sawêling aji | pan sampun têlas | pangran atur sabda ris ||
12. lah matura gandhèk anuwun manira | paring idhêp sang aji | lah wêkas manira | gandhèk mring pakêni |[119] poma ta dèn angati-ati |[120] aja pêpeka | dinuta mring sang aji ||
13. matur nuwun wus pamit nulya amangkat | Măndraka wus lumaris | pasar gêng kacandhak | tan kawarna ing marga | jajahan ing Kêngdhu[121] prapti | Kêdhu têngahan | sadaya wus kawuri ||
65. Pangkur
1. anulya amirsa warta | lamun Radèn Ayu Janingrat uni | arêrêb anèng ing Kêdhu | adan prasamya mangkat | tan kawarna ing marga Kêdhu wus rawuh | anulya lajêng kewala | kapanggih dèn ayu aglis ||
2. Măndaraka sira ngucap | radèn ayu andika dèn timbali | kang inggal dhatêng sang prabu | mring nagara Mataram | radèn ayu gih sandika aturipun | Măndaraka rêrêmbagan | lawan Mukidin Muhyadin ||
3. Măndaraka karsa nulak [nula...]
--- [f. 113v] ---
[...k] | Ki Muhkidin[122] Muhyadin tan ngrêmbugi | Măndraka angajak laju | amêksa nora rêmbag | kang pinêthuk wus kapanggih ingong wangsul | dika akarsa lajua | lah karsa dika pribadi ||
4. saking jrihira sang nata | arsa laju Ki Muhidin Muhyadin | injinge wong roro lajung[123] | Măndraka sampun nulak | radèn ayu binakta budhal sadarum | datan kawarna ing marga | i Pabrêkan sampun prapti ||
5. kawarnaa kang lumampah | angulari Radèn Janingrat uni | kadya jukung manggih timur | kadya layangan pêgat | tan uninga Dèn Janingrat ênggènipun | samarga-marga têtanya | nora nana kang udani ||
6. sarêng dhatêng lampahira | Wanagiri nulya nyipêng sawêngi | kathah ingkang sami pemut | sampun lajêng lampahnya | wong jaban rangkah dadya mêngsah sadarum | bilih kapara ing tiwas | Trêsana dipun barisi ||
7. sangking jrihira sang nata | Ki Muhkidin Muhyadin nora kêni | enjinge lajêng lumaku | dhatêng Sela katingal | pangajênge kang mêngsah anèng ngriku |[124] dèn nyana Dyan Jayaningrat | nulya lajêng dèn parani ||
8. mêngsah pan sampun uninga | pangrasane kathah rencange wingking | mêngsah adan sami mundur | dhumatêng ing Trêsana | Ki Muhidin Muhyadin lampahe laju | anyipêng Sela katingal |
--- [f. 114r] ---
atakèn radèn dipati ||
9. Suradrêma wuwusira | sampun ngidul lampahe anurut ardi |[125] puniku de pondhok agung | ngong nyana Dèn Janingrat | Suradrêma nauri mêngsah puniku | rahayu lampah andika | dèn nyana agêng prapti |[126]|
10. milane sami lumayya | yèn suwawi andika kula aturi |[127] anulaka dèn agupuh | manira jrih narendra | yèn tan katêmu Radèn Janingrat iku | anulya Ki Suradarma | angatrêrakên tumuli ||
11. nurut marga gêdhong sata | wus kapanggih Dyan Janingrat arêpit | pangandika dalêm dhawuh | kadi wau punika | wêling dalêm sadaya norana kantun | matur nuwun Dèn Janingrat | dene prakawis nak mami ||
12. karsa kaningkahna egal | gih sumăngga tan ngraos darbe siwi | rumuwun[128] wus pasrah ingsun | duk ane[129] Pangangsalan | dhatêng kakang pangulu lan malihipun | anari bobot manira | kula langkung dening ajrih ||
13. angungsia mring Mataram | lamun dèrèng babak bunyak wor siti | dadia dhêp amun-amun | lamun tan tinimbalan | nora ketang yèn tiwasa awak ingsun | bantu dalêm dipun inggal | dening matêdhani uning ||
14. lamun Pakuningrat sowan | langkung nuwun dhawuh pangandika ja |[130] tan kawarna [kawar...]
--- [f. 114v] ---
[...na] enjingipun | duta kalih wus mangkat | Ki Muhidin Muhyadin Pabrêkan rawuh | lajêng mring Mangkunêgaran | katur lampahipun ênting ||
15. tinundhung sowan narendra | sampun kintar tinimbalan sang aji | dinangu salampahipun | katur tan kaliwatan | kadi kang sampun kocap ingkang rumuhun | langkung suka jêng susunan | anulya tinundhung mijil ||
16. enjing karsa magalaran[131] | wus angrasuk kaprabon sri bupati | cahya gumilap sumunu | surêm sang yang raditya | kasênênan nurbuwat nayaka prabu | dinulu kadi wangkawa | tingal lir sudama ngalih ||
17. tuhu yèn prabu digdaya | keringan rat kalok nata prajurit | kang bêkta pacara ngayun | tata lir saban-saban | kang anămpa wanudya nom ayu-ayu | nandhang samir sutra jênar | ampilan barkatan aji ||
18. ingkang nyaosi ampilan | datan ewah asri mugèng ngarsa ji | sampun samêkta sadarum | dyan têdhak sri nalendra | lumakyalon kang sowan jawi supênuh | prapta wijil pisan obah | sakèhe wadya kang nangkil ||
19. dangu kèndêl sunan ngantya | kang lumakyèng ngarsa wadya Saragni | wong Wirabraja sumambung | wus tata ing paglaran | abdi dalêm kang nangkil arêg sadarum | samya sumaos ing karsa | atap pêpak pra bupati ||
20. sunan pinarak dhêdhampar [dhêdha...]
--- [f. 115r] ---
[...mpar] | nèng pangrawit ingayap ing pawèstri | asung sasmita sang prabu | wadya majêng sadaya | sampun tata ing ngarsa nata abungkuh[132] | sirêp sanggung[133] kang sewaka | anging dhangdhang ingkang muni ||
66. Dhandhanggula
1. datati[134] lingira ing nguni |[135] sêdhêngira sinuhun sineba | angandika jêng sang rajèng | ing mêngko putraningsun | Ki Dipati Mangkunêgari | karsaningsun dhawuha | ing sira putrèngsun | ingsun agawe wêdana | wong kaparak ingsun wèhi tindhih kalih | pamanira Si Răngga ||
2. ingsun jungjung lungguhe ku kaki | ingsun sêngkakakên ing awiyat | ingsun gawe wêdanane | kaparak têngên iku | wêdananing kaparak kering | iya Si Jayèngrana | dadya sisihipun | ingkang sun kulawisuda | ingsun jungjung sumêngka dadi bupati | iya Si Jayèngrana ||
3. anindhihi wong kaparak kering | sarta ingsun wuwuhi Dyan Arya | Jayèngrana ku namane | dening kaliwonipun | ingkang têngên kang ingsun kardi | ya Si Mangunkusuma | kang kering sun jungjung | bocah Lurah Jagabaya | sun paringi Suradimêja kang nami | kang gêntèna lêlurah ||
4. wong Jagabaya kang ingsun kardi | Si Mangunjaya dadya lêlurah | wong gêdhe kang ingsun gawe | wêdana kananipun | ya Si Besan kang anindhihi | sun pundhut namanira | adipati iku | sun paringi anamaa | Si Tumênggung Jayawinata ku kaki |
--- [f. 115v] ---
kaliwon Sumayuda ||
5. ingka kèri kang sun jungjung linggih | mêdanani ya Si Janapura | Surajaya kaliwone | de Mêtaram sadarum | wong Majêgan kang sun gadhuhi | iya nake Si Besan | ingsun jujung lungguh | Tumênggung Jayasêmbodra | angrèhêna Pamajêgan ing Mêtawis | lan maning putraningwang ||
6. Mangkudiningrat sun pundhut kaki | lawan bocahira Danawarsa | dadia tindhih wong gêdhe | nyaparo sewang iku | de namane rinira kaki | têtêp Mangkudiningrat | Sa[136] Danawarsèku | ingsun pundhut namanira | adipatya ing mêngko ingsun paringi | Tumênggung Danawarsa ||
7. Sa Jayadirja sun jujung linggih | dadi wêdana wong Bumija |[137] Si Wiradigda sisihe | Suryanêgara iku | mêdanani wadya Panumping | sisiha Măndaraka | Suryanêgarèku | maria jênêng dipatya | jumênênga Tumênggung Suryanêgari | dening Si Jayadirja ||
8. lan Si Wiradigda iku kaki | amomonga nak ingsun rinira | kala alit ing mangkene | Mangkuwijaya iku | amilua angangkat kardi | de kangmas Diwijaya | nindhihana Kêdhu | linggihe sèwu kewala | dadia panêmbahan wong Kêdhu sami | Bagêlèn pamanira ||
9. Ki Purbaya dadia têtindhih | Sawunggaling lawan Cakrajaya | ngêbayanana karone | pangran nuwun wotsantun | lan maninge
--- [f. 116r] ---
putrèngsun kaki | Ki Ngabèi rinira | kaki karsaningsun | ingsun ningkahakên inggal | Pangran Mangkunêgara matur ngabêkti | kadospundi punika ||
10. kang dadi wali pun paman têbih | pamanira dhingin ta wus pasrah | mring wa pangulu lilane | lan Si Muhkidin iku | Si Muhyadin angatas maning | pamanira tan owah | yèn mêngkatên nuwun | inggih sawawi[138] kawula | langkung sae anuntên sampun adadi | iya ing karsaniwang ||
11. rinira sira kang mangku kaki | payo besanan kalawan ingwang | sira kang mangku lanange | kang èstri sun amangku | pangran matur sandika bêkti | lan maning kaki putra | pamanira iku | dhi Pakuningrat anaa | kang nyakêli[139] jarane pancinên kaki | wong sèwu sakancanya ||
12. dèn warata sandika turnèki | sunan jêngkar kondur angêdhatyan | tambur wor salomprèt rame | wus rawuh ing kedhatun | ing paglaran bubaran sami | nuntên gandhèk dinuta | dhumatêng sang prabu | andhawuhakên timbalan | dalêm dhatêng Pangeran Mangkunêgari | yèn Radèn Pakuningrat ||
13. ngalihkên nama pinaring kasih | Radèn Natawijaya lumraha | sakathahe wadya kabèh | pan sandika turipun | gandhèk amit matur sang aji | tan lami kang antara | boja sang aprabu | tanggal salikur ing Rajab | taun [ta...]
--- [f. 116v] ---
[...un] Ehe ki pangulu dèn timbali |[140] myang wadya Suranata ||
14. pêpak kabèh bupati kang nangkil | miwah para sêntana sadaya | nulya tinimbalan age | sarta pangantènipun | manjing pura samya tut wingking | sakèh para bupatya | pinarêk sang prabu | anèng masjid Suranatan | sampun ningka[141] wau Pangeran Ngabèi | anut aga mulya |[142]|
15. sampun ningkah jangji kadya lami | tan adangu pêpundhutan prapta | adan adhahar sang rajèng | kêmbul bupati agung | wus adhahar nulya cinarik | sampun tinundhung mêdal | kondur sang aprabu | ambêng dalêm sampun mêdal | wus warata Suranata lawan jawi | kang anom sami dharan ||
67. Sinom
1. pan sampun antawis lama | kocapa dera sang kawi | Sultan Bantên kang utusan | duk anèng Banyumas uni | arsa sowan sang aji | wong Banyumas nora asung | samarga pinêthuk prang | wong Banyumas pan kajadhi[143] | cinêkêlan binêkta marang Mataram ||
2. raintên dalu lumampah | ing Lêdhok kang dipun jogi | ing Bagêlèn sinimpangan | sawabe wontên Wêlandi | age egala prapti | kang dèn arah mêdal Kêdhu | wus cêlak dyan utusan | ngunjukakên pati urip | nuwun pêthuk arsa sowan [so...]
--- [f. 117r] ---
[...wan] ing nalendra ||
3. utusan jujug Pangeran | Mangkunêgara ing nguni | aturira sampun têlas | dyan pangran sowan ing aji | wus prapta srimênganti | atur uningèng sang prabu | anulya tinimbalan | wus lumêbèng dalêm puri | wus cumundhuk mangarpa ngarsa sang nata ||
4. nêmbah aturipun tinap | kawula nuwun sang aji | ămba ngaturi uninga | wontên duta ingkang prapti | sangking Bantên nêgari | atur bêkti ing sang prabu | sampuning sapunika | ngunjukakên pati urip | arsa sowan dhumatêng sri naranata ||
5. ing mangke sawêg lêlampah | ing Kêdhu kang dèn margani | sri nalendra langkung suka | angandika rum amanis | yèn mêngkono nak mami | bêcike padha rinêmbug | lan sakyèhing bupatya | mênawa upaya sandi | saking guna-gunanira Si Wêlănda ||
6. inggih sumăngga ing karsa | anulya kinèn nimbali | sakèhe para bupatya | tan dangu wus prapta sami | ingandikan mring puri | wus prapta atap ing ngayun | jêng sunan angandika | mulane ingsun timbali | ana duta sangking ing Bantên nêgara ||
7. arsa aseba maringwang | akèh-akèh aturnèki | lah iku sira pikira | apa ta iya sayêkti | utawa lamun sandi | gunaning mêngsah alêmbut |
--- [f. 117v] ---
sadaya matur nêmbah | sumăngga karsa sang aji | langkung ringêng pun dasih dèrèng kaduga ||
8. ora têka pikirana | wus ana ing karsa mami | mêngko sun bobote uga | kang patut lan karsa mami | iku amêsthi dadi | Ki Mas Răngga nêmbah matur | yèn suwawi lan karsa | pun Bantên kula timbali | pan kawarti mijil yèn mêngsah Wêlănda ||
68. Mijil
1. Măndaraka tan rêmbag nauri | puniku pikir ngong | wong asandi ginunan ta mangke | manawa kadi ingkang rumiyin | Mangunonêng nguni | Mas Răngga amuwus ||
2. Mangunonêng pan sèjèn prakawis | wong kayoman ing wong | jalma Bantên amêngsah lamine | amaksa datan anunggal pikir | kèh bupati gilig | mring Răngga sadarum ||
3. nulya Pangran Mangkunêgara ngling | amuwus muraos | iku bênêr man Răngga jarwane | jarwamu iku sèjèn prakawis | yèn sandia mami | tan kewuhan iku ||
4. ja linamban agal lêmbut wani | ujêr wus wruh ingong | wong aguna sêkti mungsuhane | Si Walănda luwih dening rêmpit | jêr aku udani | sagunane wêruh ||
5. pira kèhe jalma Bantên prapti | nadyan sasra kang wong | yèn padha sura kasăngga [kasăng...]
--- [f. 118r] ---
[...ga] mangke | iya kalamun wong Bantên prapti | dèn prayitna wèsthi | nanging dipun samun ||
6. ja katara nanging dèn atiti | iku karsaningong | ingkang amrih kalangkung luwihe | witning kang dèn prih langkung munjungli[144] | pangran awotsari | matur ing sang prabu ||
7. yèn sawawi tinimbalna ji |[145] pun Bantên punang wong | sêja têmên binêcikan rajèng | yèn katingal won pênêd katawis | sah wangsitannèki | panêngêranipun ||
8. jalma cidra yêkti myang yèn sandi | tan kilap sang katong | ulat liring gènipun sêmune | panêngran sinuwun sampun luwih | kacaryan sang aji | putra aturipun ||
9. kamanisên ature matitis | kadhahar sang katong | langkung lêga nalendra galihe | nging Mas Răngga sal siku sadhidhik | tan dhatêng sang aji | mring pangeran iku ||
10. nanging sinamur no[146] katawis |[147] tinitèn kimawon | sawab dene dhingini karsane | sri narendra angandika aris | sun mirsa abêcik | bênêr putraningsun ||
11. pikirira putrangong prayogi | ya anurut ingong | turira sapa ta prayogane | ingkang lumaku mapag kang prapti | pangran awotsari | sumăngga sang prabu ||
12. măngsa bodhoa ta sira kaki | yèn [yè...]
--- [f. 118v] ---
[...n] sawawi katong | Wiradigdang[148] kang gadhah lampahe | amarêngi wau sri bupati | angandika aris | hèh Wiradigdèku ||
13. Suradimêja Suryanêgari | katiga punang wong | ingsun duta mapaga lakune | yayi Bantên ka lagya lumaris | katiga wotsari | sandika turipun ||
14. nulya samya tinundhungan mijil | tan kawarna katong | kang dinuta wus lumampah kabèh | wus lêpas datan kawarna margi | nêngna kang winarni | ron kamal winuwus ||
69. Sinom
1. ingkang sumêdya aseba | arsa bukti ing narpati | akumpul sawadyanira | alami gènira nganti | Sultan Bantên lumaris | alami nèng tanah Kêdhu | enjinge Wiradigda | kalawan Suryanêgari | Sultan Bantên kapathuk[149] ing pan tumona ||
2. samya rêrêb arêrasan | dalu gènira agusthi | Sultan Bantên jaga taha | manawa dipun tapusi[150] | kalangkung dening ajrih | dhumatêng kangjêng sinuhun | manawa kang sarira | cinêkêl dening sang aji | sinungakên dhumatêng wadya Wêlănda ||
3. punika ingkang jinrihan | dening ta kang dipun tari | pan aduwe panêmbahan | Ki Tapa ingkang wêwangi | punika kang mikiri | sangking jrihe arsa wangsul | yèn norana nanggunga [nang...]
--- [f. 119r] ---
[...gunga] | dêdukanira narpati | nuntên Wiradigda Dyan Suryanêgara ||
4. katiga Suradimêja | wau ta kang nanggung sami | dêdukanira narendra | yèn dika ngungsi sayêkti | lamun upaya sandi | saênggèn masthi kacakup | nulya sami supata | prasamya dipun tanggahi | sampun rêmbag Sultan Bantên manah eca ||
5. enjingipun nulya bubar | anulya duta rumiyin | atur uninga nalendra | lamun Sultan Bantên prapti | duta wus mintar dhingin | acungklangan sadêlanggung | wus prapta ing Pabrêkan | duta anjujug tumuli | dalêmira Pangeran Mangkunêgara ||
6. wus katur sasolahira | pangran wus dangdan tumuli | asowan dhatêng narendra | duta binêkta tumuli | tan kawarna ing margi | srimênganti sampun rawuh | wus katur ing nalendra | pangran tinimbalan aglis | lawan duta kang prapta kinèn bêktaa ||
7. prapta ngayunan narendra | pangran matur awotsari | kula nuwun tur uninga | punika kang duta prapti | kinèn atur upêksi | lamun kang pinêthuk rawuh | mangke wontên ing marga | angandika sri bupati | yèn mêngkono putra ngong padha dangdana ||
8. pangran nêmbah tur sandika | sampun sumaos wadya [wa...]
--- [f. 119v] ---
[...dya] ji | sumăngga karsa narendra | bêcike nulya abaris | duta dinangu aji | atanggap duta wotsantun | wus katur sapolahnya | purwa wêsana wus ênting | langkung suka narendra manah kasmaran ||
1 | ingkang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
2 | ngangkat (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
3 | Biasanya guru lagu a: marga. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: atur uninga dhumatêng rajèng. (kembali) |
5 | ta. (kembali) |
6 | wasitanya. (kembali) |
7 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
8 | ngyêktèni. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: kalawan anaking ki ngabèi. (kembali) |
10 | kêthah-kêthèh. (kembali) |
11 | pangulu. (kembali) |
12 | angiring. (kembali) |
13 | anggèr (dan di tempat lain). (kembali) |
14 | Kurang satu suku kata: mênawa kelangan sira yayi. (kembali) |
15 | nah (dan di tempat lain). (kembali) |
16 | nungkêmi (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | dyah. (kembali) |
18 | jinêm. (kembali) |
19 | alukar. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: angêdohi sang dyah asmu liring. (kembali) |
21 | pangrungrum. (kembali) |
22 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan suku. (kembali) |
23 | tisnanipun. (kembali) |
24 | wong. (kembali) |
25 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
26 | darapon (dan di tempat lain). (kembali) |
27 | wuntat. (kembali) |
28 | yangyang. (kembali) |
29 | agancang. (kembali) |
30 | uning. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: inggih ing benjang-enjang. (kembali) |
32 | têbih. (kembali) |
33 | dawêg. (kembali) |
34 | Kurang satu suku kata: sampun wontên kang mundura. (kembali) |
35 | ambalik. (kembali) |
36 | mirsa. (kembali) |
37 | sangking. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata: kang bêbujung nulak undure bêbandhang. (kembali) |
39 | Lebih tiga suku kata: ginitik ing Kumpêni kang ngirid mêngsah. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: binrêrêg risak kang baris. (kembali) |
41 | ninggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
42 | sugih. (kembali) |
43 | Kurang satu suku kata: Ki Mas Răngga winartan ungêling sêrat. (kembali) |
44 | mênang. (kembali) |
45 | tinggal (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
46 | cilik. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: kari gawene sawiji. (kembali) |
48 | Lebih satu suku kata: kang winarna Mêtawis Dyan Dipati. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: nora amitêngga barisanèki. (kembali) |
50 | Janingrat. (kembali) |
51 | Kurang satu suku kata: lir ature Jayaningrat. (kembali) |
52 | Tanggal: Sênèn tiga (3) Rabiyulawal (Mulud) Jimawal [AJ 1676]. Seharusnya tahun Ehe dan bukan Jimawal, jika mengikuti kronologi tahun yang disebutkan sebelum dan sesudah tanggal ini. Selanjutnya hari Senin tidak jatuh pada tanggal 3 bulan Mulud baik pada tahun Ehe (AJ 1676) maupun Jimawal (AJ 1677). Mungkin tanggal yang dimaksud adalah 5 Mulud AJ 1676 (1 Februari 1751) sebagaimana disebutkan pada tanggal berikut. (kembali) |
53 | anglêrêsi. (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata: lir gunung tarung anêmpuh. (kembali) |
55 | munggèng (dan di tempat lain). (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata: dipun nyana Sêmarang ginitik. (kembali) |
57 | têksih. (kembali) |
58 | dening. (kembali) |
59 | Kurang satu suku kata: asiyaga arsa mapag jurit. (kembali) |
60 | dodol (dan di tempat lain). (kembali) |
61 | sowang-sowang. (kembali) |
62 | Tanggal: Sênèn Rabingulawal (Mulud): dyan rêtu gunung obahing bumi (AJ 1676). Hari Sênèn bulan Mulud tahun AJ 1676 jatuh pada tanggal: 5 (Sênèn Paing), 12 (Sênèn Wage), 19 (Sênèn Lêgi), dan 26 (Sênèn Pon). Tanggal Masehi: 1, 8, 15, atau 22 Februari 1751. (kembali) |
63 | nganggur. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: daut wadya Têmpuran wus prapti. (kembali) |
65 | Lebih satu suku kata: pun dasih kinèn têngga nêgari. (kembali) |
66 | suka. (kembali) |
67 | Kurang satu suku kata: bêbingkrakan tutur mênang jurit. (kembali) |
68 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
69 | graita. (kembali) |
70 | Tulisan Jawa kurang tepat. (kembali) |
71 | Kurang satu suku kata: nuntên lajêng duta kawarnaa malih. (kembali) |
72 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan pepet. (kembali) |
73 | Kurang satu suku kata: Suratruna ika aranira. (kembali) |
74 | Kurang satu suku kata: Senapati Ing Ngalaga tuwin. (kembali) |
75 | lan. (kembali) |
76 | ngungkurakên. (kembali) |
77 | borong. (kembali) |
78 | ênêngêna (dan di tempat lain). (kembali) |
79 | warta-winartanan. (kembali) |
80 | angayumana. (kembali) |
81 | Kurang dua suku kata: inggih dipun inggalêna. (kembali) |
82 | Lebih satu suku kata: undhang-undhang sadaya kinèn abaris. (kembali) |
83 | orêg (dan di tempat lain). (kembali) |
84 | nganggit. (kembali) |
85 | mring. (kembali) |
86 | Tanggal: mangsaning pandhita singgih angosikakên ing jalma (AJ 1676). Tahun AJ 1676 jatuh antara tanggal Masehi: 30 November 1750 sampai dengan 19 November 1751. (kembali) |
87 | Kurang satu suku kata: prabawa mancur cahya nêlahi. (kembali) |
88 | panganggya. (kembali) |
89 | Biasanya guru lagu i: wijiling. (kembali) |
90 | Kurang satu suku kata: Ki Mas Răngga ingkang anambungi. (kembali) |
91 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
92 | Kurang dua suku kata: inggih pangandikane sang aji. (kembali) |
93 | bubar. (kembali) |
94 | mitambuhi. (kembali) |
95 | langkung (dan di tempat lain). (kembali) |
96 | Biasanya guru lagu a: prapta. (kembali) |
97 | Bênêr. (kembali) |
98 | Tulisan Jawa kurang tepat. (kembali) |
99 | minggat (dan di tempat lain). (kembali) |
100 | Bayalali. (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata: Bayalali wus prapti. (kembali) |
102 | tap ing. (kembali) |
103 | Kurang satu suku kata: pacara tap ing ngarsi. (kembali) |
104 | kanthil (dan di tempat lain). (kembali) |
105 | bukuh. (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata: ninggal wirya mring Mataram manggih papa. (kembali) |
107 | ngunjukkên (dan di tempat lain). (kembali) |
108 | Lebih satu suku kata: de sang prabu tingkah polahing nguni. (kembali) |
109 | Kurang satu suku kata: datan kawarnaa enjang. (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata: Malang nêgara wontên Wlandi Têgil. (kembali) |
111 | Lebih satu suku kata: amêmani karêpe ngajak gitik. (kembali) |
112 | Kumpêni. (kembali) |
113 | Kalopre. (kembali) |
114 | Kurang dua suku kata. (kembali) |
115 | ngrangsang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
116 | Muhidin (dan di tempat lain). (kembali) |
117 | Kurang satu suku kata: supayane arsa têmu lawan ingwang. (kembali) |
118 | Kurang dua suku kata: pangran dhatêng andika. (kembali) |
119 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: gandhèk mring pakênira. (kembali) |
120 | Lebih satu suku kata: poma ta dèn ngati-ati. (kembali) |
121 | Kêdhu. (kembali) |
122 | Muhidin (dan di tempat lain). (kembali) |
123 | laju. (kembali) |
124 | Kurang satu suku kata: pangajênge ingkang mêngsah anèng ngriku. (kembali) |
125 | Lebih satu suku kata: sampun ngidul lampahe nurut ardi. (kembali) |
126 | Kurang satu suku kata: dèn anyana agêng prapti. (kembali) |
127 | Lebih satu suku kata: yèn suwawi dika kula aturi. (kembali) |
128 | rumuhun (dan di tempat lain). (kembali) |
129 | anèng. (kembali) |
130 | Biasanya guru lagu i: ji. (kembali) |
131 | magêlaran. (kembali) |
132 | abukuh (dan di tempat lain). (kembali) |
133 | sagung (dan di tempat lain). (kembali) |
134 | datatita. (kembali) |
135 | Kurang satu suku kata: datatita lingira ing nguni. (kembali) |
136 | Si (dan di tempat lain). (kembali) |
137 | Kurang satu suku kata: dadia wêdana wong Bumija. (kembali) |
138 | suwawi (dan di tempat lain). (kembali) |
139 | nyêkêli. (kembali) |
140 | Tanggal: salikur (21) Rajab (Rêjêb) Ehe: [AJ 1676]. Tanggal Masehi: 15 Juni 1751. (kembali) |
141 | ningkah. (kembali) |
142 | Kurang satu suku kata: anut agama mulya. (kembali) |
143 | kajodhi. (kembali) |
144 | munjuli. (kembali) |
145 | Kurang satu suku kata: yèn sawawi tinimbalna aji. (kembali) |
146 | nora. (kembali) |
147 | Kurang satu suku kata: nanging sinamur nora katawis. (kembali) |
148 | Wiradigda. (kembali) |
149 | kapêthuk. (kembali) |
150 | apusi. (kembali) |