Babad Sultanan, British Library (Add MS 12288), 1809–16, #1017 (Pupuh 070–090)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 119v lanjutan] ---
70. Asmaradana
1. iya duta alah uwis | anuli sira balia | inggalêna ing lakune | duta nêmbah tur sandika | ngandika sri nalendra | alah uwis putraningsun | duta sira jaka mêdal ||
2. lan dangdana putra mami | nataa baris sadaya | wadyèngsun saprayogane | ya kulup măngsa bodhoa | sira dipun prayitna | pangran nêmbah nulya mêtu | lajêng anata gêgaman ||
3. dening duta inggal bali | tan kawarna lampahira | ingkang anata barise | Pangeran Mangkunêgara | lan sakèhing bupatya | tan kaliru prênahipun | wadya têngên baris kanan ||
4. gêdhong kaparak ing ngarsi | abaris angering nganan | wong Suranata barise | wêkas kidul sakancanya | angèri sisih lawan | Kapilih nèng têngênipun | yèn dinulu yitna tata ||
5. sri nalendra sampun mijil | obah kang nèng pagêlaran [pagêla...]
--- [f. 120r] ---
[...ran] | samya tilar lante kabèh | jêng susunan wus pinarak | putra-putra ngêndikan | sêntana inggih sadarum | angandika jêng susunan ||
6. pan wus pêrak putra mami | si adhi Bantên lakunya | pangran wotsêkar ature | inggih pangraos kawula | eca imbal wacana | nuntên katingalan rawuh | nginggalkên gandhèk lumayya ||
7. Suranata lan Kapilih | samya obah aprayitna | sêlak[1] nata panggonane | wong Kapilih kang nèng kanan | Suranata ing kiwa | Sultan Bantên inggal rawuh | sajawining galedhegan ||
8. tumurun sangking turanggi | ginarêbêg wadyanira | eram tumingal manahe | Sultan Bantên langkung jrihnya | tan ngrasa darbe gêsang | gumêtêr dènnya lumaku | tumingal jalma akathah ||
9. tuwin ajrih ing narpati | nanging asrah ing Pangeran | ebat ningali gaman kèh | wadyanipun winatara | jalma katiga bêlah | ambêkta gêgamanipun | waos lêmbing lan kulewang ||
10. atanapi punang bêdhil | sarêng manjing galedhegan | sadaya ical manahe | pun Tapa tanbuh gènira | ajrih dhatêng narendra | dan urmat munya gumrudug | mariyêm lir pendah gêlap ||
11. tambur bèri [bè...]
--- [f. 120v] ---
[...ri] lawan suling | salomprèt umyung syaranya | giris kang mirsa syarane | wong Bantên langkung jrihira | tumingal sikêp jalma | lir buta măngsa jalmèku | mêgatruh ingkang gumantya ||
71. Mêgatruh
1. sarupane samya asrah ing Yyang Agung | ing paglaran wus prapti |[2] doh ingawe lampahipun | wus apêrak lan narpati | adan rinakêt ing katong ||
2. hèh ya kene payo salaman rèningsun | Suranata myang Kapilih | prasamya urmat sadarum | sikêpe samya ngajrihi | kadya maos lamun tinon ||
3. samya sarêng gurnita swarane umung | tambur Suranata muni | salomprèt suling abarung | kang nabuh sami Wêlandi | wong Bantên langkung jrih anon ||
4. sarêng dhepok samya lênggah jrih ing prabu | ulap dènira ningali | Sultan Batên[3] wus cumundhuk | jumênêng sri narapati | anjawat tangan sang katong ||
5. wus alama nulya pinarak sang prabu | Sultan Jumasta ngastuti | suku mangusapi lêbu | pinêkul dening narpati | nisthanipun lamun tinon ||
6. kadi sang prabu ngalab duk kala têluk | dhumatêng wong mèk Amir |[4] Sultan Bantên kala sujud | waspa mijil ingusapi | sunan langkung wlas dènnya
--- [f. 121r] ---
non ||
7. langkung trênyuh kangjêng susunan andulu | pangrêrêse ingkang galih | kalangkung rêgêp sang prabu | Sultan Bantên sangêt bêkti | lepyan sangêt jrih mring katong ||
8. tan angraos anyar panggih kala sujud | lir sudarma rosing ati | tan narka lagya katêmu | Sultan Bantên emut galih | langkung wirangi pêngakoh ||
9. sunan uning yèn galih rujit sinamur | sunan sung cipta kang pinrih | katungkule dimon[5] lipur | ngandika langkung amanis | alinggiha ariningong ||
10. nuwun nêmbah sultan wus lungguh tumungkul | luwih kajog sira ari | dènira non ariningsun | kaliwat asor Matawis | tate wibawa riningong ||
11. kasasar ing wana sira singganipun | gugup sultan angabêkti | ămba sakalangkung nuwun | botên măntra tan angipi | kadi pangandika katong ||
12. manah ămba dahat tan măntra salugut | pun dasih kalangkung sakit | datan nyana ing jro kalbu | yèn arja nagri Mêtawis | têksih wiba sang katong |[6]|
13. ămba dugi lir Bantên manggih wana gung | kamangkara sira yayi | yèn muktia awak ingsun | saking dêlap ingsun yayi | angrêbat nagaraningong ||
14. nging tabête eyangira ariningsun | ingkang bêbadhe [bêba...]
--- [f. 121v] ---
[...dhe] Matawis | têkèng lara anglih ingsun | ngong têmah nora gumisir | pamijil wana tan katon ||
72. Mijil
1. mêngko sira wis uning Matawis | ja taha riningong | iya sasat nagrinira dhewe | iya ing Bantên tugal lan Matawis |[7] kapranan ing ati | alênggah tumungkul ||
2. Sultan Bantên matur awotsari | anuwun sang katong | tan angraos yèn sami lan rajèng | tuhu nêdya kawula angabdi | tan ngraos angipi | samia lan prabu ||
3. anggêp kawula kadi kang ngukir | mring pun dasih katong | sun tarima bêktinira mangke | witning sun tan ngipi nyar kapanggih | sira nèng Matawis | kasasar riningsun ||
4. lir wong ngipi sira nèng Matawis | mokhal ariningong | sêja andhatêngi mring gun[8] mangke | ratu nistha papa tur asakit | pa sinêdya ngati | mring Mataram rènsun ||
5. inggih pun dasih ngunjukkên pati | dhumatêng sang katong | sumăngga karsa nuwun sih rajèng | bilih marêngi lan karsa aji | jru duta makathik | gih sawadinipun ||
6. ngungsi urip ămba kawon jurit | de Kumpêni kang wong | nagri Bantên wus rinêbat mangke | dening wadya Kumpêni Bêtawi | dyan mirsa pawarti | panjênêngan prabu ||
7. ratu agung binathara [bi...]
--- [f. 122r] ---
[...nathara] adi | prajurit kinaot | tur kalilan mring Ywang prang sabile | pan misuhur unggul jurit aji | asih pêkir maskin[9] | ngadê[10] gama Rasul ||
8. kawarti Kumpêni sor kang jurit | mila dasih katong | kawula ngungsi saking apêse | tan linilan ing Ywang aprang sabil | sumăngga sang aji | najan pêjah ulun ||
9. inggih nata ingka amêjahi | yèn kenging wak ingong | luwung pêjaha lan kapir mangke | arum wijil gumujêng sang aji | kamangkara yayi | wong apa wak ingsun ||
10. jalma mindha ina awak mami | bodho punggung ingong | ing agama tan wruh ing jatine | milu-milu ingsun wong kang singgih | idhêpan sira dhi | dorane kang tutur ||
11. sira yayi wèh dosa mring mami | ngalêm-alêm mring ngong | larangan siriking Ywang ta mangke | nora nana kang kawasa maning | tan lyaning Ywang Widi | angraos kasêndhu ||
12. tan prayogi dènira angungsi | maring awak ingong | pangungsèn iku Pangeran mangke | dadya tanbuh kang ngungsi dèn ungsi | panduga ngong sami | sira lawan ingsun ||
13. ingsun yayi ya umah wanadri | sanggone amondhok | iya sangking apês inggun mangke | awak ingsun tan kawasa sabil | pan kèh nagri mami | kang
--- [f. 122v] ---
durung karêbut ||
14. amasthi sira kangelan yayi | yèn tunggal lan ingong | lara anglèh yèn parêng untunge | anêmahi kantaka ri mami | iku wadya mami | tanbuh sore esuk ||
15. anuwun pangandika sang aji | sultan awotsinom | sangking bêktine dhatêng sang rajèng | sampun ingkang anglampahi sakit | nadyan dhatêng lalis | katêmah ing kalbu ||
16. sun tarima aturira ari | mênawa aringong | jroning ati bangêt kaduwunge | Sultan Bantên umatur wotsari | sinêtyan kang êning | sumăngga sang prabu ||
17. apa manèh lamun sira ngukih | sun uga riningong | darma bae ya jumênêng rajèng | iku yayi putranira katri | miwah kadang mami | kang jujung mari[11] sun ||
18. wanuhêna padha wong wlasasih | anulya wotsinom | Sultan Bantên aris pangucape | sadaya ta sampun dados galih | dahat datan uning | sapuntên dèn agung ||
19. Pangran Mangkunêgara nauri | sampun paman katong | walang driya dhumatêng ngong mangke | nadyan sadaya makatên malih | lir pendah wak mami | wong kagêngên angkuh ||
20. arum amanis pangandika ji | iku ariningong | putraningsun kang sun srah ing gawe | barang [ba...]
--- [f. 123r] ---
[...rang] gawe ingkang anguwisi | sira jaka yayi | prakara arêmbug ||
21. anuwun Sultan Bantên wotsari | dhumatêng sang katong | sarya ngucap mring pangran dununge | anak mas tan darbe atur malih | pun bapa puniki | tan lyan kadya wau ||
22. sumăngga karsa kula ngladosi | sing pakaryan ingong | kaatura mring anak mas mangke | Pangran Mangkunêgara nauri | kula kang mutusi | kang karya sang prabu ||
23. rintên dalu gih kapagih[12] mami | pakaryaning katong | yèn sawawi lan paman rêmbuge | inggih palar-pinalar ta sami | kawula rumiyin | yèn paman arêmbug ||
24. kula dika rincangi rumiyin | rêbat nagri katong | lamun antuk pitulung Ywang mangke | agantos paman kula rincangi | sultan anauri | kula dhatêng nurut ||
25. mila kawula anak mas ngabdi | dhumatêng sang katong | pêjah gêsang pan kajaragake | nanging lamun tuk pitulung Widi | gih kasuwun aji | pa[13] nêgaraningsun ||
26. inggih paman sampun walang galih | wus kula kimawon | sampun dados puniku rêmbage | wadya Bantên amicarèng ati | ingki[14] pantês luwih | ladaking pamuwus ||
27. sampun dangu dènira agusthi | dyan [dya...]
--- [f. 123v] ---
[...n] mangke sang katong | angandika amrih prayogane | alah uwis payo ari mami | lumêbèng ing puri | kinanthi tumurun ||
73. Kinanthi
1. narendra pan arsa kundur | jêngkar sangking ing pêngrawit | ginarêbêg ing biyada | kang rayi suntan[15] kinanthi | tambur gumêr syaranira | kadi rubuha kang langit ||
2. wus manjing wijil sang prabu | andukap[16] wijil ping kalih | anduta dhatêng pawongan | timbalana pra bupati | lawan putra-putraningwang | para sêntana pratuwin ||
3. parêkan kalih wus mêtu | narendra lumêbèng puri | parêkan kang mêdal prapta | dhawuhkên timbalan aji | pangran timbalan narendra | dhawuha andika sami ||
4. pangran ngêndikan sadarum | sêntana para bupati | inggal prasamya lumampah | lajêng manjing dalêm puri | jêng sinuwun wus pinarak | akalihan ingkang rayi ||
5. kang tinimbalan wus gupuh | angandika sri bupati | kakangmas Adiwijaya | kula aturi ing ngigil | Pangeran Adiwijaya | jrih pinêksa jajar ngaji ||
6. anulya kangjêng sinuwun | angandika rum amanis | lah iki yayi rupanya | sira kasasar wanadri | tan warna pantining jalma | sira tumingal tan sudi ||
7. sultan amuwun [amuwu...]
--- [f. 124r] ---
[...n] wotsantun | punika warna nêgari | pun dasih tan darbe wisma | saênggèn-ênggene guling | tan angrasa darbe gêsang | duk kawitan sowan aji ||
8. angandika sang aprabu | ya tuturên ari mami | kala kawula lumampah | samarga pinêthuk jurit | nanging antuk barkat nata | tan kèndêl ămba lumaris ||
9. ing Toyamas dipun pangguh | nuntên ămba angoncati | mêdal margi ingkang simpar | mêksa ta dipun tut wingking | ămba kapêlak kang yuda | nanging angsal barkat aji ||
10. mêngsah sadaya kacakup | kabêkta lampah nèng jawi | sumăngga karsa narendra | angandika sang narpati | ya tarimaa riningwang | bêstan wus kinèn nampani ||
11. sampun têlas aturipun | adan tadhahan kang mijil | lumintu kang sêsaosan | kang nămpa padha pawèstri | ulamipun warna-warna | sakêlangkung dening asri ||
12. adan adhahar akumpul | sultan kalawan sang aji | tiga Pangran Diwijaya | sêntana sarêng abukti | miwah ingkang putra-putra | tanapi para bupati ||
13. gamêlan munya abarung | sarta mariyêm nauri | langkung eca gènnya dhahar | wusan sampun dèn larodi[17] | patêdhan dalêm wus mêdal | sadaya sampun waradin ||
14. kadya êndhut punang sêkul | langkung [lang...]
--- [f. 124v] ---
[...kung] wanuh dènnya bukti | angandika sri narendra | yayi ingsun paring wajik | lan dhuwung waos nyatunggal | lan iki patuku warih ||
15. anuwun sultan wotsantun | punang kapal wus tinampi | awasta Kiyai Gănda | sadangdananipun sami | waos dhuwung lawan yatra | wong Bantên sampun nampani ||
16. adan prasamya tinundhung | alah uwis putra mami | sira sinungana prênah | pamanira kang abêcik | pangran nêmbah samya mêdal | pagêlaran sampun prapti ||
17. Sultan Bantên sampun sinung | pasanggrahan kang prayogi | salèr kilèn kapatihan | adan prasamya lumaris | mantuk dalêm sowang-sowang | kang anom samya tut wuri ||
74. Sinom
1. tan kawarna laminira | adêdalon sri bupati | samana pangran ngandikan | Mangkunêgara Dipati | myang sagung pra bupati | myang pra sêntana sadarum | Sultan Bantên ngandikan | sadaya prapta ngarsa ji | sampun tata angandika sri narendra ||
2. hèh kulup Mangkunêgara | kakangmas myang yayi-yayi | miwah sagung pra bupatya | yayi Bantên atanapi | marma ingsun timbali | payo amatêngkên rêmbug | êndi ta mungsuh ingkang | pinapag ginitik dhingin | kang
--- [f. 125r] ---
pakolih mrih ngêlar jajahan rowang ||
3. Pangeran Mangkunêgara | matur sawi[18] awotsari | sumăngga karsa narendra | kawula darma nglampahi | myang paman-paman tuwin | para bupati sadarum | sami lawan kawula | inggih sumoga[19] karsa ji | paman Bantên turipun inggih sumăngga ||
4. narendra malih ngandika | ana dayaningsun maning | yèn pa rêmbug sadaya |[20] sun arsa gitik Kumpêni | kang nèng Ngastinapati | pasisir kulon sun rêbut | ing mêngko karsaningwang | lamun sira rêmbug kaki | pamanira kangêmas Adiwijaya ||
5. Wiradigda Măndaraka | Suryanêgara pratuwin | Jayadirja sawadyanya | padha sun kon andhingini | barisa Kêdhu sami | kumpula lan arèningsun | si yayi Jayaningrat | ingkang mring Bagêlèn kaki | pamanira yayi êmas Purubaya ||
6. lan adhi Mangkukusuma | yayi Bantên atanapi | sawadyanira sadaya | gitika baris Kumpêni | kang nèng Pagêlèn sami | dening sun nuli anusul | yèn wis olèh prayoga | Pangeran Mangkunêgari | pra bupati ature rêmbag sadaya ||
7. susun malih ngêndika |[21] lah uwis mêtua kaki | esuk nuli budhalêna | pangran sandika wotsari | pan sampun sami mijil |
--- [f. 125v] ---
ênênga injing winuwus | sampun nêmbang têngara | budhal sagung pra bupati | kang mring Kêdhu Bagêlèn sarêng budhalan ||
8. sumahab lampahing wadya | datan kawarna ing margi | Pangeran Adiwijaya | myang sagung para bupati | ing Kêdhu sampun prapti | Dyan Jayaningrat akumpul | lan Pangran Diwijaya | kang mring Bagêlèn wus prapti | lajêng sami apacak baris atata ||
9. kunêng kocap duta nata | ingkang sangking Panaragi | kapat Radèn Darmasuta | nimbali măncanêgari | nanging datan lumaris | Dyan Suradiningrat wau | myang bupati sadaya | samya urunan pra mantri | anyatunggal kerid dhatêng Darmasuta ||
10. pangajêng wong Panaraga | marga ewuh ingkang nami | anjujug Mangkunêgaran | lajêng saos mugèng ngarsi | duta dinangu ênting | tur purwa wêsananipun | pangran rêngu jro nala | wus mondhok wong Panaragi | Darmasuta dinangu ature nêlas ||
11. wuwuse Suradiningrat | sawiyah-wiyah mring gusti | anêdya purun narendra | sakathah wadya Mêtawis | winastan kere sami | sarêng mirsa sangêt bêndu | Pangran Mangkunêgara | capêng karna lir sinêbit | jaja abrit kadya mêdala dahana ||
12. kang sotya andik lir surya | kumêjot padoning lathi | umatur Ki Darmasuta | kang mungêl ing dalêm tulis | kawula tan udani [u...]
--- [f. 126r] ---
[...dani] | anulya tinundhung mêtu | enjing pangeran sowan | kang duta binêkta sami | Darmasuta lan duta măncanêgara ||
13. katur pangran lamun sowan | pangran nulya dèn timbali | wus prapta ngarsa narendra | pangran matur awotsari | ămba atur udani | abdi dalêm kang kautus | animbali sadaya | di dalêm măncanêgari | tantuk karya sakathah para bupatya ||
14. samya utusan sadaya | para mantri anyatunggil | inggih kang dados pangarsa | dutanipun Panaragi | marga ewuh kang nami | binêktan surat kang katur | dhatêng panduka nata | dyan pinundhut punang tulis | wus binabar mêngkana ingkang bêbuka ||
15. katura kang bêkti sêmbah | sangking di dalêm dipati | Suradiningrat kalayan | sakathah para bupati | nênggih măncanêgari | katur sêmbah bêktinipun | dhumatêng sri narendra | kang pilênggah ing Mêtawis | sasampuning kadya punika tur kula ||
16. sampeyan anggèr utusan | nimbali dhatêng pun dasih | myang wadya măncanêgara | sangêt panuwune sami | sanggung măncanêgari | ature rêmbag sadarum | saduka-duka nata | kawula pan sawêg sakit | sangêt repot tan sagêd anunggang kapal ||
17. kalayan malih tur kula | kêlangkung èwêd ing galih | pundi kang kula turuta | dening sami animbali [animba...]
--- [f. 126v] ---
[...li] | ing Sala myang Kumpêni | gantos-gantos dutanipun | nuntên anggèr utusan | nimbali dhatêng pun dasih | pan pamăngsa anggèr kawula nuruta ||
18. amasthi manggih cilaka | benjang kawula anangkil | dhatêng nêgari Mataram | yèn sampun sirna Kumpêni | samăngsa kawon injing | wong Kumpêni yudanipun | upami kawon injang | sontên kawula anangkil | kawon sontên injang kawula asowan ||
19. yèn ta botên mêngkatêna | asangêt panuwun mami | luwung gusti mamundhuta | sawontêning Panaragi | kawula anyaosi | anggèr sakiranganipun | lamun botên nityasa | anggèr kawula aturi | pinarêka dhatêng nagri Panaraga ||
20. kula nyaosi sasêgah | sakathah wadya Matawis | kados botên kakirangan | nagari ing Panaragi | sandhang kalayan bukti | layan malih janturipun | nagari tanah Jawa | tan wontên ratu kêkalih | sawêg mangke anggèr kawula miyarsa ||
21. măngsa boronga sampeyan | punang surat sampun titi | sri narendra mangku duka | kumêjot padoning lathi | capêng karna narpati | nayaka ji kadya murub | idêp mangada-ada | jaja bang lir wora-wari | sasêmutên kadya mêdala dahana ||
22. mèsêm-mèsêm kaduk prana | sinamur [sina...]
--- [f. 127r] ---
[...mur] lan ulat liring | sabên-sabên pan mêngkana | kalangkung rujiting galih | surat sinungkên aglis | mring putra tinampan sampun | winaos nukmèng driya | angandika sri bupati | iya uga ing Jawa norana lanang ||
23. mung Dipati Ponaraga[22] | ingkang alanang pribadi | prakosa sugih bèr dunya | nora nana kang madhani | rat Jawa sami èstri | baya-baya kang rumuwun | eyang kang kina-kina | lêksanane tan akari | dening bangêt langare Si Ponaraga ||
24. sun dèn mêjanani lintang | ginagujêng sami-sami | dening ta nora kayaa | nulya anduta sira glis | hèh timbalana gipih | sakèhe para tumênggung | pariwara pranata | tan adangu sampun prapti | sakathahe wadya ji para dipatya ||
25. Răngga Prawirasêntika | Radèn Jayèngrana tuwin | Tumênggung Jayawinata | Janapura nora kari | Danawarsa wus prapti | Pangran Arya sarêngipun | nama Mangkudiningrat | wus pêpak nèng srimênganti | sampun kunjuk nulya samya tinimbalan ||
26. tan dangu prapta ngajêngan | angandika sri bupati | hèh sakèhe pra bupatya | mulanira sun timbali | iya padha sun tari | iki ana surat rawuh | têka ing Panaraga | sira rasakêna sami | sayogyane kang linakyan pêpungkuran ||
--- [f. 127v] ---
75. Pangkur
1. sadaya matur pranata | samya maos bupati ganti-ganti | sampun waradin sadarum | kangjêng sunan ngandika | hèh ta priye kabèh ta padha pikirmu | sumăngga karsa panduka | hèh apa ta sira sami ||
2. padha enak atinira | mirsa surat bupati ture sami | lamun mênggah abdi prabu | tan sagêd amiyarsa | ki dipati sun tari prayoga laku | pangran umatur wotsêkar | datan alêga ing galih ||
3. yèn dèrèng kawula têpang | apêpanggih rêbut kasuran amrih | kang paksa lanang kang sanggup | kunthara rajèng jagat | nuntên age panggiha kang pêksa luhung | arêbat kang surakăntha | Adipati Ponaragi ||
4. ingkang paksa punjul ing rat | dadya mangke yèn sawawi karsa ji | tanapi yèn kănca rêmbug | Kêdhu kapanggih wuntat | măncanêgari wetan ginitik kruhun | kula turi pinaraka | sinuwun ing Ponaragi ||
5. alah iya putraningwang | sun turuti bupati kabèh sun tari |[23] sira apa padha rêmbug | ature ki dipatya | mrayogèni bupati sami turipun | cinoba kang paksa lanang | sanggupipun anglangkungi ||
6. sangking jalma kathah-kathah | punapa yaktos [ya...]
--- [f. 128r] ---
[...ktos] awrat sinagèng[24] jurit |[25] ya wis dadi padha rêmbug | putrèngsun ki dipatya | wangsulana surate kang manis arum | yèn wus dadi paringêna | tundhungên duta dèn aglis ||
7. ing wuri sira kiraa | ing lakune duta ing Ponaragi | yèn wis prapta nagrinipun | sira nuli nungkaka | dening isun rêbut para mring Madiun | sira maring Ponaraga | sapa anggitika dhingin ||
8. karsaningon kaki putra | laku loro têmah dadi sawiji | nuwun sandika turipun | nanging panuwun ămba | gih pun adhi lan Danawarsa kasuwun | dadosa kanthi kawula | alih[26] iya putra mami ||
9. sun lilani aturira | ki dipati nuli mangkata kaki | nuwun sandika turipun | angandika susunan | hèh ta Răngga gandhèk dutanên mring Kêdhu | dhawuhna timbalaningwang | miwah mring Pagêlèn uni ||
10. Kêdhu kangmas Diwijaya | atanapi sakèh para bupati | Bagêlèn mring ariningsun | adhimas Purubaya | adhi Bantên dhi Mangkukusuma iku | paring idhêp jênêng ingwang | yèn ingsun wurung agitik ||
11. Kumpêni sing Pakalongan | rêbut para ingsun karsa agitik | măncanêgara [măncanêga...]
--- [f. 128v] ---
[...ra] sun purug | sapa ingkang untunga | nanging kabèh aja na kang ngantêp kayun | gêlar sabên dèn anggoa | sadaya tan sun kon mati ||
12. sakèhe sadulur ingwang | atanapi sarupa wadya mami | dèn kira-kiraa laku | lamun gêdhe mundura | lamun alit dèn gitika punang mungsuh | Ki Mas Răngga awotsêkar | dyan samya tinudhung mijil ||
13. gandhèk dinuta Mas Răngga | wêling dalêm rampung wus mintar aglis | ingkang lumaksanèng Kêdhu | Bagêlèn sarêng lampah | gêgancangan tan winar kang winuwus |[27] Pangeran Mangkunêgara | damêl sul-angsul wus dadi ||
14. pêpucuk tunggul panantang | sinungakên duta ing Ponaragi | wis ta muliha sadarum | ngong kirim salam donga | mring paman Suradiningrat dipun rawuh | lan warahên sêsaosa | sêsuguhira dèn bêcik ||
15. sinuwun arsa pinarak | masthi ingong ingkang dadi pangarsi | ingsun tan gawa wadya gung | dèn bêcik suguhira | lamun kurang masthi nyalunthang wadyèngsun | duta sadaya mit nêmbah | gêgancangan lampahnèki ||
16. duta kabèh sampun prapta | tapêl watês bumi ing Ponaragi | ênêngna ingkang winuwus | sakathahing bupatya |
--- [f. 129r] ---
măncanêgara pêpak samya akumpul | anèng nagri Ponaraga | sêdhêngira rêmbag pikir ||
17. ingkang dadi gêgunungan | Ki Dipati Ponaragi pratuwin | Pangran Mangkunêgarèku | Madiun nagrinira | nadyan kathah norana tinari rêmbug | nging Pangran Mangkunêgara | ginawe tuwa tinari ||
18. Kamagêtan Sumadirja | ing Kaduwang Surabrata kang nami | Madiun ing sisihipun | Pangeran Martalaya | Ngrawa Radèn Surakusuma namèku | Saosragi Tirtayuda | Japan Wirasaba prapti ||
19. ing Japan Sastrawijaya | ing Kalangbrèt Tăndhawijaya singgih | Wirasaba namanipun | nênggih pun Sumayuda | duk sêmona[28] wus kumpul sakancanipun | para bupati bang wetan | pêpak anèng Ponaragi ||
20. Caruban Martakusuma | Kartasana Wiramêja kang nami | Sarêngat Suradirjèku | ing Pace Patrasuta | gêgunungan Kêdhiri bupatinipun | Ki Tumênggung Katawêngan | wus kumpul para bupati ||
21. angucap Suradiningrat | kadipundi lah dawêg winêtawis | prakawis ing lampahipun | inggih sêrat kawula | punapa kadugi inggih ing galihipun |[29] kang wontên nagri Mataram | kêsmaran paksa kumawi ||
--- [f. 129v] ---
76. Asmaradana
1. sakathah para bupati | kèwêdan tan ana ngucap | Mangkunagara wuwuse | inggih masthi yèn kaduga | nora èwêd kang surat | dhasar prayayi Mêtarum | samya lungid ingkang manah ||
2. Suradiningrat nauri | sanadyan si uningaa | nora purun wêtawise | lumampah mring Ponaraga | Mangkunêgara ngucap | sampun ta kadya puniku | tan kêni ngina galihnya ||
3. prayayi agung Mêtawis | sami sura ing payudan | Suradiningrat wuwuse | măngsa si ta waradina | ngong kilani punika | lan sapindhah wangsul-wangsul | caraka Mangkunêgaran ||
4. ngong kasap botên dhatêngi | langkung suka galih ingwang | yèn dhatêngana marene | susunan kula tan wikan | inggih dèrèng anduga | kawarti sura kalangkung | inggih tan ulap kawula ||
5. ing mangke têdhak Mêtawis | wus ical lêksananira | têlas kang kina-kinane | wontêna anging satunggal | nging ingka dadya nata | kang têksih wontên wartèku | kang kathah-kathah wus ical ||
6. punika botên prayogi | sampun andika mêngkana | kasaru prapta dutane | matur marga ewuh nêmbah | sampun kula lumampah | atur surat ing sang prabu [pra...]
--- [f. 130r] ---
[...bu] | punika ngangsul-angsulan ||
7. sing Pangran Mangkunêgari | lawan ingkang salam dunga | gumuyu suka dêlinge | kumaki akirim salam | donga surat tinampan | Ki Suradiningrat muwus | apa akèh baturira ||
8. kang jênêng Sunan Matawis | inggih sakalangkung gêngnya | kawula ulap non rajèng | ka wadya kalangkung kathah | sapalih ingkang kesah | inggih prasamya anglurug | Kêdhu Bagêlèn rinêbat ||
9. jêng sunan arsa nindaki | kasaru kawula têka | sarêng katur surat anggèr | kawula ajrih matura | ora têka tutura | ngong pirsakne dèn agalur | marga ewuh matur nêmbah ||
10. susunan duka kapati | tanapi kangjêng pangeran | kawula ajrih ing rajèng | sumarot cahya lir wulan | sidi ing labuh kapat | Pangran Mangkunêgarèku | ujyala lir suryakăntha ||
11. tingal andik jaja abrit | kawula tan ngraos gêsang | anglir tinuwêk nisthane | gumujêng Suradiningrat | pantês baya uninga | ora ajêri[30] ngong purun | yèn atandhinga kasuran ||
12. iku wus katingal ugi | prayayi kagêngên manah | kêkathahên ing mungsuhe | wadyane maro martiga |
--- [f. 130v] ---
sawijia tan daya | marga ewuh matur nuwun | sampun andika pêpeka ||
13. amasthi lamun dhatêngi | bodhol sawingking kawula | sakalangkung gêng wadyane | oraa ingong wêtara | kêdhik ingkang gêgaman | dene ingkang agung iku | samya kêkere kewala ||
14. botên anggèr atur mami | sampun andika mêngkana | bêcik-bêcik prajurite | tinimbang lan abdi dika | sami kogung kewala | tandhing jitus nora punjul | tate wong bêdhah nêgara ||
15. bramatyanira tan sipi | si marga ewuh kaparat | ngapêsakên ing bature | anggunggung kang punang mêngsah | marga ewuh aturnya | matur sawêtca wak ingsun | tan dhinahar langkung karsa ||
16. lah benjing dika ayoni | nora wande dika kalah | baribin mênênga bae | amungsuh wadya Mataram | balangana ing kopyah | myang kêpèke wadyaningsun | wong Mêtaram nora năngga ||
17. anulya amaca tulis | pèngêt iki layang ingwang | hèh têkaa ing sakèhe | bupati măncanêgara | miwah Si Ponaraga | iya iki layang ingsun | Pangeran Mangkunêgara ||
18. senapati ing ajurit | Lêlana Jayamisesa | iya ingsun prajurite |
--- [f. 131r] ---
jêng susunan ing Mataram | tur ginawe warana | angrèhakên wong sadarum | Jawa padha kawisesa ||
19. norana ngalang-alangi | yèn anaa ingkang malang | sun arsa uning warnane | mêngko sira arsa malang | Dipati Ponaraga | hèh iya sira dèn pangguh | aja na ngoncati prana ||
20. yèn sira arêp ngayoni | tumbake kere Mêtaram | dèn ajêro lêlarène | ngandêlana kapurancang | saosa mimis obat | amêsthi yèn ingong rawuh | sajrêrone sasi Sura ||
21. ingsun arsa amanggihi | dêdungike Ponaraga | kang anyèthi sasinome | sun rasakne panggilira | ka gumêbyar paprêman | mendah si gêgarutipun | ingkang padha paksa lanang ||
22. pawèstrine wong Matawis | pan padha milu sadaya | iku jaga tawan kabèh | ngunggahi Suradiningrat | kang lêlanangi jagat | wus atiti surat ingsun | ingkang padha surèng ing prang ||
23. sarêng mirsa ngêling tulis | apayus ulate pucat | tan darbe hrêrah[31] warnane | tanapi wadya sadaya | sakèh măncanêgara | samya alit manahipun | amirsa ungêling surat ||
24. Suradiningrat lingnya ris | manawa tuhu suratnya [sura...]
--- [f. 131v] ---
[...tnya] | padha adangdana kabèh | payo sapati sagêsang | miwah kakang pangeran | sampun têbih lawan ingsun | wong Madiun akumpula ||
25. anulya anata baris | anake Ki Surabrata | kinèn mantuk nêgarane | apacaka bêbarisan | anulya apamitan | binêktanan wadyanipun | kalontokane nêmbêlas ||
26. wus nêmbah bubar tumuli | iya thole dèn prayitna | aja niwasi nak ingong | wus bubar wadya sumahab | anulya mantunira | kêkalih kinèn akumpul | Sumadirja Kamagêtan ||
27. Tirtayuda Saosragi | samya kinèn bêbarisan | tapêl watêse nagrine | wus amit mantuk sadaya | iya ta dèn prayitna | wus bubar sabalanipun | kapungkur ingkang barisan ||
77. Pangkur
1. pacak barise Barangkal | ênêngêna kocapa ing sang kawi | Mataram ingkang winuwus | kang arsa nglurugana | Ponaraga wus dhatêng sêmayanipun | anumpak ing sasi Bêsar | tanggal salawe marêngi ||
2. ing taun Êdal sêmongna[32] |[33] dina Sênèn sunan miyos tinangkil | ingayap ing
--- [f. 132r] ---
para arum | jajaran amêlapar | lan aprênah nora owah tatanipun | bupati pêpak sadaya | andhèr angayap ing ngarsa |[34]|
3. nging Pangran Mangkunêgara | lagya dangdan nata wadya prajurit | pinirsa wadya kumruwuk | syaranipun lir grêrah | wus atata budhal sowan ing sang prabu | wus prapta ing pagêlaran | piyak wadya kang anangkil ||
4. pangran lênggah ing ngajêngan | angandika kangjêng sri narapati | apa ta wis pêpak kumpul | sakèhe wadyanira | inggih sampun sumêkta wadya sadarum | wontên jawi galedhegan | sumăngga karsa sang aji ||
5. ya putrèngsun antosêna | nulya gandhèk kang ngilèn sampun prapti | wus katur salampahipun | dhatêng sri naranata | datan dangu tadhahan mijil lumintu | asêlur sangking jro pura | adan adhahar sang aji ||
6. nulya ngandika narendra | putraningong bubarêna kang baris | wadyanira kang pangayun | lakune dèn atata | arinira nindhihana lan tumênggung | iya Si Kudanawarsa | lakune ing barêp[35] wuri ||
7. ing alun-alun mubênga | majêng kalih sadaya angabêkti | anuwun samya angujung | lah uwis [u...]
--- [f. 132v] ---
[...wis] putraningwang | dèn abêcik aja pêpeka nak ingsun | mundur Pangran Pakuningrat | Kudanawarsa ngabêkti ||
8. lah uwis dèn aprayitna | sira uga ingkang tuwa pribadi | poma ja tiwas ing laku | Danawarsa anêmbah | sampun mundur wus bubar wadya pêngayun | têngara munya gumêrah | kadya ombaking jaladri ||
9. anulya lumampah tata | mantri jawi ingka lumampah ngapti | nulya mubêng alun-alun | sumahab wadyabala | punang kuda lir angge-angge adulur | anulya Kudanawarsa | sawadyanira nêngahi ||
10. nuntên Pangran Pakuningrat | sawadyane lampahe wontên wingking | mubêng anèng alun-alun | wus mubêng nulya mêdal | samya dhêdhêg anganti lampahing pukur | alah uwis kaki putra | mangkata suwe dèn anti ||
11. majêng anungkêmi pada | duk pinêkul-pêkul dening sang aji | manêmbah saha umatur | angsala barkat nata | angandika sri nalendra manis urum[36] | sun tatêdha ing Pangeran | mugi lananga kang jurit ||
12. sarta olèha kang barkat | eyang-eyangira kang dhingin-dhingin | kalawan sawabing rasul | rinêksaa dening Yyang | ana dening ingsun iya [i...]
--- [f. 133r] ---
[...ya] nuli nusul | ing Sura tanggal sapisan | pangeran nuwun wotsari ||
13. poma kaki dèn prayitna | ingkang putra sampun winêling-wêling | wus têlas nêmbah dyan mundur | adan nabuh têngara | gumyar bèri tambur bêndhe pan angungkung | pinirsa mêlinga[37] karna | gumrê kadya lèpèn banjir ||
14. lumampah tata lon-lonan | ngalun-alun wau kang dèn ubêngi | ingka lumakya ing ngayun | wong lorèk kawan dasa | kopyah cênèng asikêp bêdhil sadarum | waosipun walung dasa | mayungi anèng ing wiking[38] ||
15. nuntên wong Saragni abang | walung dasa wadya kang sikêp bêdhil | waosipun walung puluh | mayungi anèng wuntat | kopyah cênthung anuntên ing wingkingipun | Saragni cêmlêng[39] lumampah | walung puluh sikêp bêdhil ||
16. lorèk kang mayungi wuntat | wadya Bugis punika kang prajurit | abang kang mayungi pungkur | nama wong Jodhipatya | Saragêni irêng kang mayungi pukur | awasta wong pêrangtandang | wastane sawiji-wiji ||
17. mantri jro ing wingkingira | wolung puluh ingkang asikêp bêdhil | waosipun walung puluh | ngangge songkok sadaya | wong pilihan
--- [f. 133v] ---
samya tate ngabên kewuh | tan têbih lawan pangeran | rasukan lurik cêmbirit ||
18. anèng ngarsane Pangeran | Mangkunêgara sampun nitih wajik | ulêsipun janjan biru | wasta pun Kalayêksa | sêsurine tan tinugêlan satuwuk | apantês tan ana ingwang | samarga-marga sêsirig ||
19. ing alun-alun ngubêngan | kang gêgaman wus mêdal anèng jawi | kang ngajêng obah lumaku | asêlur lampahira | wus atêbih pangeran anèng ing pungkur | anulya kang para garwa | wong kawan dasa jajari ||
20. kapêdhak kang nèng ing wuntat | wadya kawan dasa pangagenèki | rasukan ijêm sadarum | kuluke pan asama | kang sapalih bêdhil waos anèng pungkur | wus lêpas ing lampahira | datan kawarna sang aji ||
21. warnanên ingkang lumampah | pan asêlur punang kuda lan jalmi | miwah kang wadya pêpikul | sayah pating sulayah | wus adaut Mangkunêgaran sadarum | wus angsal lampah sadina | Pamutihan sampun prapti ||
22. enjingipun sampun bubar | saha bala ing Pajok sampun prapti | amasanggrahan sadalu | injinge [i...]
--- [f. 134r] ---
[...njinge] sampun bubar | tan kawarna Kamantênan sampun rawuh | pangeran amasanggrahan | pêpêkên sawadyanèki ||
23. sadalu arêrêmbagan | kang pinikir satingkah polahnèki | jrihira dhatêng sang prabu | dinuga ing mênawa | pangrasane kaya têka patènipun | lan pikir prakara mêngsah | kang prayogi ja niwisi[40] ||
24. sigêgên ingkang kawarna | jêng susunan wau ingkang winuni | arsa tindak sang aprabu | wus suwarèng ing bala | kinèn dangdan kang wadyabala gumuruh | amarêngi sasi Sura | tanggal pisan duk winilis ||
25. taun Be Rêbo dinanya |[41] enjingipun wadya gumuruh atri | samya saos ngalun-alun | ana kang lagya dangdan | pan gumêrah kang dangdan pikulanipun | abusêkan wong sadaya | sumaos karsaning gusti ||
26. wus pêpak ingkang gêgaman | kadya gêrah swaranipun kang jalmi | ing pura umyang gumuruh | ramya samya adangdan | asrang-srangan parêkaning para arum | angrasuk kaprajuritan | sunan barkatan rinakit ||
27. wus samakta sadangdanan | ing ayuda cahya mancur nêlahi | gumilap kadya sitèngsu |
--- [f. 134v] ---
nayaka lir sudama | wus palasta busana têdhak sang prabu | arsa miyos panangkilan | ginarêbêg ing pawèstri ||
28. wong ngampil nyandhak ampilan | magêlaran pinarak păncaniti | bupati pêpak sadarum | putra kalih nèng ngarsa | kang tadhahan sing pura mêtu lumintu | kangjêng sunan dhêdhaharan | nulya punang lèlèr mijil ||
29. waradin dasih sadaya | angandika kangjêng sri narapati | apa wus pêpak sadarum | sakèhe wadyabala | inggih sampun pêpak di dalêm sadarum | sunan malih angandika | ing mêngko ta karsa mami ||
30. laku iki ingsun karya | kapangarsa supiturang kang baris | Si Răngga sakancanipun | lawan Si Jawinata | sawadyane kumpula ing kanan iku | sun wangêni adohira | kalawan baris ing wuri ||
31. samirsaning bêdhil munya | dèn prayitna kanan kalan kèri |[42] ja kongsi niwasi laku | wadya kabèh nyothea | pêdhang lawan kalewang ingkang nèng ngayun | lumakua bari babad | aja wêdi ing wana writ ||
32. aja na nolèh jêjurang | lakunira [la...]
--- [f. 135r] ---
[...kunira] padha dipun aririh | aja owah tatanipun | mênawa na kang mêngsah | laku cidra kang sun kuningani iku | lamun rusak tatanira | amêsthi kêna ingukih ||
33. Jayèngrana Janapura | sakancane dadya pangawat kèri | tatane kaya kang wau | angling pangawat kanan | nimbangana sacara-cirining laku | yèn mondhok sira lajua | dangdan pasanggrahan mami ||
34. sadaya nuwun pranata | alah uwis aja owah kang niti | lah bubarêna sadarum | ngalun-alun mubênga | ingong ayun wruh untabe wadyaningsun | bupati catur wotsêkar | adan bubar ingkang baris ||
35. gumuruh kang wadyabala | swaranira lir udan sinêmèni | gumrudug lir pendah ladhu | lir kantaki kawarsan | punang kuda lir lêlaron lagya bubul | wong kaparak kang nèng ngarsa | Mas Răngga ingkang nindhihi ||
36. anulya Jayawinata | wadya gêdhong ingkang dipun tindhihi | Pamaosan anèng pungkur | wu[43] mêdal galedhegan | lajêng nganan wadya Mataram pan agung | kang nindhihi Jasêmbodra | lampahira anèng wingking ||
37. pangawat kèri dyan mangkat | Jayèngrana ingkang nindhihi baris | Janapura pungkuripun |
--- [f. 135v] ---
lir rob ingkang hèrnawa | wuri pisan wong Gadhing sakancanipun | wus mêdal ing galedhegan | lajêng lampahipun ngèri ||
38. langkung suka sri narendra | aningali untabe kang prajurit | angandika sang aprabu | putra ngong ki dipatya | lumakua ki putra nèng ngarsanisun | pangeran nuwun anêmbah | mundur abubarkên baris ||
39. wong kadipatyan sumahab | kang bandera pareanom ing ngarsi | atata ing lampahipun | pangeran anom wuntat | nitih kuda ampilan kang munggèng ngayun | wong pamijèn wuri pisan | pangeran nitih kuda brit ||
40. kan awasta Ki Prayoga | amengini ingêntragkên samargi | mêdal sangking alun-alun | jêng sunan angandika | wong prajurit mara bubara rumuwun | karia wong Suranata | lan wadyaningsun Kapilih ||
41. bubar baris dalêm aglar | warna-warna wadya ji magrêsari | sadaya samya agargut | ingkang lumampah ngarsa | wong Saragni wor Walănda kèhnya satus | bandera gulakalapa | prajurit kiwa rumiyin ||
42. kuluk cênthung cinêplokan | ing salaka ting samburat nêlahi | kasênên rawi murub |[44] kulambi sangklat abang | Jagabaya kang mayungi
--- [f. 136r] ---
anèng pungkur | Saragêna[45] tindhihira | Wiradika ingkang nami ||
43. tumutur Saragni kanan | wor Walănda Wirasastra nindhihi | sami pangage lir wau | satus sakancanira | banderane gula pa nèng ngayun |[46] kang mayungi namèng yuda | samya nyatus sikêpnèki ||
44. sadaya rasukan abang | kadya sêkar palasa nêdhêng asri | kulukipun mubyar mancur | awor ujwalèng surya | kadya thathit barung lan kilat sumunu | kang andulu samya ulap | wingkingira wadya Bugis ||
45. anyatus kang kering kanan | ngage irêng kuluk cênthung pan sami | yèn dinulu kadya mêndhung | wong Bugis kiwa ngarsa | ngagêm bêdhil kang saparo sikêp lawung | tindhih Kapitan Jawana | Bugis kanan anèng wingking ||
46. asikêp bêdhil lan tumbak | Kapitan Samangun ingkang nindhihi | punika prajurit luhung | irêng banderanira | kang wingking Singanêgara Martalulut | rasukan abrit waosnya | galathik mungup mantêsi ||
47. tumutur kang mimis obat | kêstabêle sadaya sami Bugis | wong Kapilih ngarsa prabu | ngajrihi kang tumingal | anung-anung wong tate ingabên kewuh | wong padha sura dibaya | pamijèn ngiringan aji ||
--- [f. 136v] ---
48. amalih angèri kanan | gandhèk dalêm wau ingkang nambungi | wong ngampil cêlak sang prabu | salomprèt munya raras | mungêl ngênu anuntên wau sang prabu | ginarêbêg ing wanodya | susunan munggèng turanggi ||
49. ulêsipun tapuking tal | Jayèngsêkar kanaman pun kang Kibil | tuntunanipun tatêlu | Ki Camuris kang rêta | ingkang cêmêng Ki Sêngkali wastanipun | kang palăngka Kyai Modang | pancal kapat sukunèki ||
50. sunan molahakên kuda | Jayèngsêkar lir bêdhaya mantêsi | kang andulu lênglêng mangu | ulap andulu cahya | lir wangkawa surêm giwangkara mêndhung | anglar muksa kêdhèpêna | norana bisa ningali ||
51. ing wingking kang para garwa | wingkingira kangjêng ratu ing nguni | lan sakathah rabinipun | wadya-wadya sadaya | wingkingira Suranata kang lumaku | angluwihi tatanira | di awênês dinulu asri |[47]|
52. kuluk cêmêng tinudhungan | rasukane sangkêlat ijêm angrawit |[48] saruwal abang aturut | lir kang sêkar sataman | kajawuhan kasongan jaladra[49] mêndhung | wênês lamun tiningalan | ron ijêm sêkar kang abrit ||
53. bêdhil krêbin sikêpira | ka sapalih sikêp lawung mayungi | bandera ijo apatut | ingkang nambur
--- [f. 137r] ---
Walănda | sarta suling galong pipis lampahipun | wingking jalma pangabean | atata dinulu asri ||
54. pangran nitih kang turăngga | ulês dhawuk Ki Mêlathi kang nami | asêsirig sadalanggung | tuhu yèn putra nata | dhasar wasis karêngga ing kapalipun | tangkêpe lir sêsikatan | norana ingkang munjuli ||
55. têngara gumêr syaranya | tambur bèri salomprèt bêndhe suling | tambur barung gumarudug | lir obah kang pratala | kang prajurit sadaya kinèn pêpayung | lir paksi krêndha rêratyan | niti[50] kuda samya sirig ||
56. panganggene warna-warna | tiningalan tuhu lamun ngajrihi | syaraning bala gumuruh | angrok pangriking kuda | lawan asrang karêbêt bandera agung | gumêr kadya grêrah kapat | cahya kadi prawatagni ||
57. têlas sikêp jro ing jaba | samya budhal gêgaman tan akari | kadi prawata lêlaku | lir hèrnawa balabar | sikêp dalêm akumpul pan kadya mêndhung | ting karênyêp ting karêdhap | lir lintang sèwu angalih ||
58. kumêlun lêbu limunan | kriciking kuda wor swaraning jalmi | anguwuh rewang kang kantun | gadêbêging [ga...]
--- [f. 137v] ---
[...dêbêging] lumaywa | anglir kêtug kasêpta asrang gumuruh | anguwuh kantuning rewang | pamijil anusul gusti ||
78. Mijil
1. gapura sapta kawayang jalmi |[51] prapta Jimbung katong | masanggrahan kang wadya tatandhèr | angèbêki sakèhe kang kawis | pangran kang winarni | sampun tigang dalu ||
2. anèng Kamantênan mirsa warti | kalamun sang katong | masanggrahan ing Jimbung ing mangke | pangran nata bala bubar aglis | myang sakèh prajurit | kawarna sang prabu ||
3. nging sadalu injing bubar aji | wus prapta sang katong | Kalêngisan masanggrahan make | sawadyabala tan bubar ngapti | pêpikul kang kari | pangran kang winuwus ||
4. sabudhale sing Mantênan uni | asêlur punang wong | sampun prapta wau ing lampahe | mondhok dhusun wasta ing Kalumprit | sawadyanirèki | jêng sunan winuwus ||
5. tigang dalu dènira anganti | pêpak kang punang wong | injing bubar jêng sunan lampahe | gumuruh wadya tata kang baris | kumrab kanan kèri | dinulu lir mêndhung ||
6. wadya kiwa malipir nagari | ing Sala pan katon | tinata dadya catur barise | pawèstrèn mêdal [mêda...]
--- [f. 138r] ---
[...l] wetan sang aji | ajajar samargi | kanan lampahipun ||
7. malipir ngardi tan kêna ngukih | luwih tataning wong | lir samodra balabar lampahe | wadya ji kinèn pêpayung sami | alir mêndhung gêtih | kuluk mubyar mancur ||
8. kadya sêkar palasa mêwahi | awarna pangago | anglir sêkar sataman warnane | murub mubyar lir prawata gêni | wong Sala ningali | tembak tur kapencut ||
9. wus lêpas datan kawarna margi | wus prapta sa katong | Kabotohan masanggrahan rajèng | nging sadalu injinge luris |[52] Murong sampun prapti | bubar enjingipun ||
10. sampun prapta ing Kiping sang aji | lagya tata pondhok | pinapag ing ampuhan gêng mangke | sampun têrang sumarot ywang rawi | egar wadya sami | tata pondhokipun ||
11. abdi dalêm Jipang mapag prapti | wus sowan sang katong | pun Suradimênggala arane | wontên malih mungsuh ingkang prapti | wong ing Saosragi | ingkang lagya têluk ||
12. Tumênggung Tirtayuda kang nami | wus katur sang katong | Ki Mas Răngga kang bêkta lampahe | dinangu lamun arsa ngabêkti | wus dèn supatani | ngimbar gama rasul ||
--- [f. 138v] ---
13. dinangu tingkah polahnya ênting | wau kang punang wong | sampun kinèn mundur mring pondhoke | tan kawarna latri sampun injing | Pakambêngan prapti | bubar enjingipun ||
14. sampun prapta masanggrahan aji | ing Carême mangko | sigêg ingkang winuwus lampahe | pangeran ingkang mring Pranaragi | anèng ing Kalumprit | sampun gangsal dalu ||
15. anata wong wus pêpak wadyèki | mila kèndêl mangko | ing Kaduwang angadêg barise | ngandika Pangran Mangkunêgari | hèh ta Danawarsi | karsa ngong ing laku ||
16. tataningwang iya sun owahi | ya ta karsaningong | tan kadya rumuhun ing tatane | Kartanêgara sakăncanèki | dadia pangarsi | Mangkuyuda pungkur ||
17. iya kabèh sakancane mantri | lakumu ing mako | sumambunga sabaturmu kabèh | nuli si adhi sabaturnèki | wurining Saragni | bang satumbakipun ||
18. nuli Saragni irêng nèng wuri | satumbake kang wong | Saragêni lorèk ing wurine | satumbake wadyaningsun Bugis | Saragni jo wuri | ya tumbake pungkur ||
19. nuli wong patang puluh ing wuri | satumbake kang wong | bocah ngampil kang anèng wurine [wuri...]
--- [f. 139r] ---
[...ne] | anuli lakuningsun pribadi | wuri rabi mami | nuli bocah ingsun ||
20. kabayan anaa ngarêp siji | kang wuri siji wong | aja na malèbèk ing lakune | wurine agèr mantri jro sami | lan mantri pamiji | dèn prayitna kewuh ||
21. nuli gamêl padharan nèng wuri | anuli punang wong | Ranadipura iku tindhihe | aja owah-owah sapangigil | kurêbana sami | ing sagêgamanmu ||
22. dalu bubar sangking ing Kalumprit | tan kawarna kang wong | sampun prapta ing Muruh lampahe | cêlak Kaduwang têngah wanadri | kocapa sang aji | anata wadya gung ||
23. tatanira taksih kadi lami | pêngajênge kang wong | Tirtayuda Saosragi make | Suradimênggala Jipang uni | tan owah kang niti | durma bubar daut ||
79. Durma
1. amartiga ing têngah lir gêgunungan | jêng sunan kang nindhihi | lakune tan owah | tata wadya prayêtna | anging Suranata ngampil | ngrêksa narendra | amalih nganan ngèri ||
2. sakèh wadya tatanira aprayitna | tan kêna dèn cidrani | angèbêki wana | lir rob ingkang sagara | kang lêgok dipun urugi | rata sadaya | wana dipun babadi ||
--- [f. 139v] ---
3. kang wana grit arata padhang sadaya | jêjurang dèn urugi | kang malang katunjang | kang mujur dipun ambah | sirna gêpang brastha ênting | sagunging wona | dadya gêng lurungnèki ||
4. langkung èwêd sangking jrihira parentah | samya dèn tunjang wani | kathah kuda pêjah | nanging nora dèn etang | saking jrihirèng narpati | ingkang katingal | pan amung sihing gusti ||
5. kagegeran saisining wonawasa | mapan samya angili | banthèng lawan macan | singa wagra kang galak | warak baruwang angili | wijung sasaran | kidang sangsam kèh mati ||
6. samya bingung tanbuh ingka dèn ungsia | samya narajang baris | bên dina mêngkana | samya mikuli ulam | sri narendra sampun prapti | Bayêm arannya | masanggrahan sang aji ||
7. sabên mondhok wona pan dadi nagara | lir ta kang kitha ngalih | ngêmandhang swaranya | pêkên agêng sakala | sangking kèh wadya narpati | swara lir gêrah | sigêgên kang winarni ||
8. Pangran Mangkunêgara sing Muruh bubar | Kaduwang sampun prapti | nulya pinêthuk prang | dening wadya Kaduwang | kalontoka gumêr muni | miwah sinapan | tan dangu dènnya jurit ||
9. wadya Mangkunêgaran nyêrod kewala | wong Kaduwang kalindhih | tatane wus rusak | binuru wus sasaran [sa...]
--- [f. 140r] ---
[...saran] | kang kacandhak dèn patèni | sampun jinarah | èstri dipun bayongi[53] ||
10. bupatine angungsi baris Barangkal | pangran kèndêl kang baris | anèng ing Kaduwang | kocap kangjêng susunan | wus bubar sawadyanèki | wus masanggrahan | Katăngga pinggir kali ||
11. nging sadalu enjinge anata bala | wus pêrak lan nêgari | Madiun kang kitha | wadya samya prayitna | jêng sunan atata baris | wadya sadaya | nèng Danaraja ing sabin |[54]|
12. anêngêna wau ingkang masanggrahan | jêng sunan ing Matawis | pêpak sawadyanya | kocapa jêng pangeran | kang mêntas mênang ajurit | lan wong Kaduwang | punika kang winarni ||
13. mapan sampun tigang dalu laminira | enjinge bubar sami | prapta ing Tirisan | araryan jêng pangeran | arêmbag samya pradongdi | nêngna kocapa | Barangkal kang winarni ||
14. wus amirsa lamun pangran sampun mangkat | kèndêl wontên ing Tiris | wus pinarantenan | biting larèn lan jagang | têngah kapurancang sami | mriyêm akathah | kalontoka ngèbêki ||
15. sinapane pan nora kêna winilang | sangking gênge kang baris | wong măncanêgara | samya kumpul sadaya | pabarisane ngèbêki | ewon kang wadya | tambuh timbanging baris ||
16. Pangran Madiun wus amirsa jêng sunan | nagrine kang dèn jogi | wus amit saksana | arsa [ar...]
--- [f. 140v] ---
[...sa] amapag yuda | wus bodhol sawadyanèki | ingkang kocapa | jêng sunan budhal injing ||
17. arsa manjing kitha wus tata ta kang wadya |[55] sura arsa malês sih- | ira sang narendra | miwah wadya kadukan | samya gargut wani-wani | wadya pangawat | kanan kang anindhihi ||
18. wus anyabrang ing lèpèn catur sadaya | nagri kapanggih sêpi | wus suwêng sadaya | siji norana jalma | susunan sampun angancik | salêbêt kitha | ngalun-alun wus prapti ||
19. pakumpulan kang wadya aglar malatar | ngêbêki păncaniti | jêng sinuwun tindak | malêbêt kasêpuhan | anging arêrêb sawêngi | enjinge bubar | amondhok pigir kali ||
20. sri nalendra anulya wau anduta | nimbali adipati | Madiun kang kentar | Pangran Mangkunêgara | kalawan Martalayèki | duta wus mêsat | kunêng ingkang winarni ||
21. Jêng Pangeran Mangkunêgara sawadya | kang nèng Tirisan uni | lagya arêmbagan | wadya kumpul sadaya | pangeran ngandika aris | kapriye u |[56] pikirmu Danawarsi ||
22. laku iku umatur Kudanawarsa | pangraos kula gusti | bitinge[57] Barakal[58] | datan kêni ingambah | angèl kang dipun wêdali | pami sampeyan | mêdal lèr kilèn gusti ||
23. inggih botên [bo...]
--- [f. 141r] ---
[...tên] kêni maryêmipun kathah | sinapan tan winalis[59] | pangeran sru duka | sarêng mirsa wacana | priye Danawarsa uni | jangjiyanira | tanapi wadya mami ||
24. wong jro jaba matêng anèng Kamantênan | ingong wirang kapati | ingsun lampu pêjah | tan sae mulat jalma | lamun ora bêdhah nagri | ing Ponaraga | matur Kudanawarsi ||
25. lamun kêni sawawi amilih marga | kang thèng sinăngga jurit | baris Kamagêtan | sawawi tinarajang | ing ngêndi gone kang baris | agèr gènira | salèring jurang langit ||
26. yèn mêngkono payo bubar dipun inggal | ngêndi gone kang baris | payo aja wangwang | yèn katon barisira | aja kèh dera rasani | mara dangdana | aja nganti kang wêdi ||
27. aja kakehan rèwès Kudanawarsa | têngarane wus muni | dalu bubarira | rintên lajêng lumampah | lisir[60] kilèn dhatêngnèki | lajêng kewala | gègèr kang punang baris ||
28. Kamagêtan gumrêrah samya adangdan | têngarane wus muni | dan campuh kang yuda | aramya bêbêdhilan | surak awor bêdhil muni | lajêng kewala | wadya Mangkunêgari ||
29. Kamagêtan kalindhih laju mring kitha | pangeran ngêsuk wani | kasaput ing wêngya | pangran nêba ing sawah | sadalu enjing
--- [f. 141v] ---
lumaris | malêbèng kitha | suwêng norana jalmi ||
30. lajêng binasmi datan kèndêl pangeran | lajêng gêlak kang abdi | lampah ngidul ngetan | masanggrahan nèng wona | pangeran anging sawêngi | enjing abubar | gêgancangan wus prapti ||
31. masanggrahan ing Sêmampir rêrêmbagan | lan sakèhing prajurit | miwah kang sêntana | pamijenan nèng ngarsa | atanapi mantri jawi | pêpak sadaya | Danawarsa tur uning ||
32. lamun baris Ponaraga ajêngira | mangalèr gêng kang baris | atêpang kang wona | wêkas kilèn balabar | angêbêki gung wanadri | langkung gêngira | ewon lêksan kang baris ||
33. sangking gênge gusti tan kêna winical | Pangran Makunêgari | kalangkung kang duka | jaja brit lir anala | angandika mring prajurit | wong kawan dasa | mara bocah dèn aglis ||
34. ja kakehan rêmbug ing wong jro kewala | dèn kukuh ja gumingsir | dènira angrêksa | anggèr dèn ngatya-atya | wadyanira sami uni | yèn gusti duka | samya rêbat kawanin ||
35. nulya nyandêr gurawalan rêbat gancang | wong Walănda kêkalih | roro Bugisira | wadya Jawa têtiga | nora kandhêg ingkang wingking | nandêr sadaya | wong pitu nêmpuh wani ||
36. nora nana narungi wong Ponaraga [Pona...]
--- [f. 142r] ---
[...raga] | miwah măncanêgari | kalulun wus gêpang | barise wus ngancikan | sampun karsaning Ywang Widi | Suradiningrat | têka ing ajalnèki ||
37. pinanggihan bibung[61] mapan nora nunggal | mring anak putunèki | nging Martamênggala | lawan Martakusuma | kang tut wuri Bugis siji | mubêng mangetan | tumut măncanêgari ||
38. pinalêtêr Suradiningrat wus tiba | Wlandi kalih ngakahi | putra ro binănda | binêkta ing Walănda | wus dhinabyang ka dipati | dening Walănda | katur pangeran aglis ||
39. kula tur jalma tiba saking ing kapal | ngandika pangran aglis | alah iku sapa | kaaturkên maringwang | Suradiningrat puniki | katêlu sapa | anakipun kêkalih ||
40. kang sawiji Bugis nuli tinimbalan | pangran ngandika aris | hèh Martamênggala | kapriye karêpira | pangeran suka kapati | alatah-latah | gumujêng bêlik-bêlik ||
41. Martamênggala sira Martakusuma | tanapi sira Bugis | apa arêp gêsang | tanapi arêp pêjah | bastan[62] katiga tur baris | kula punika | sumăngga sinom gusti ||
80. Sinom
1. ing mangke dalasan benjang | jêng sampeyan gusti mami | mila nêmahi kawula | angrêbat [a...]
--- [f. 142v] ---
[...ngrêbat] pun bapa gusti | pêjah gêsang yun uning | pangeran wacana arum | sarya alatah-latah | ya abêcik bocah iki | ya mêngkono wong dèn anakên[63] ing jalma ||
2. lamun sira arêp gêsang | sun apura sira katri | iya anging bapakira | sun patèni salah siji | tan duwe pura mami | ku mêksih urip sun dulu | sakaki maksih gêsang | kêthip-kêthip sun tingali | rip oraa ya têka sira kêthoka ||
3. măngsa ta wurunga pêjah | wong wus tuwa nora pikir | wus kinêthok sirah pisah | lan jisim dakare ngiris | iku marai juti | mula wani sang prabu |[64] dakare wus pinagas | pangran suka bêlik-bêlik | iku baya sun badhene musthikanya ||
4. kêncênge iku kaliwat | samya gumuyu wadyèki | lah uwis Martamênggala | Martakusuma sira glis | padha kumpulna sami | sanak-sanakmu sadarum | yumona Ponaraga | sabudi-budinirèki | lakunira ngong gawani mijèn tiga ||
5. Jakintaki Japrêbăngsa | Japrawira sira aglis | wong têlu padha milua | nanging sira jalma kalih | dhase bapakirèki | iku iya ingsun pundhut | ngong turakên susunan | iku wong salah narpati | dening gêgêmbunge ya sira gawaa ||
--- [f. 143r] ---
6. lah wis ta padha mangkata | wong lima nêmbah padha mit | pangeran nimbala[65] magang | Mangundirja ingkang nami | pangran ngandika aris | ingong duta sira iku | mring Madiun sebaa | iku atarna[66] kiyai | kang mustaka iku karo kalanangan ||
7. aturna kangjêng susunan | anuwun nêmbah duta mit | mundur kentar lampahira | gêgancangan tan winarni | ngênu Madiun prapti | pasanggrahan kang jinujug | adangu nèng pasowan | mastaka ingkang kacangking | gora umung manambêr ngrubung kang dhangdhang ||
81. Dhandhanggula
1. dyan warnanên Jêng Sunan Matawis | wus alama dènira pinarak | nagri Madiun ing mangke | wadyabala akumpul | duk sineba sri narapati | dening sagung bupatya | prajurit sadarum | angandika sri narendra | wau dhatêng wadya ingkang anèng ngarsi | sira angrungu warta ||
2. sutaningsun Ki Mangkunêgari | aprang mênang bêdhah Ponaraga | bupati nêmbah ature | inggih nuwun misuwur | pawartine yèn angsal kardi | malah Suradiningrat | tinigas murdèku | ngandika kangjêng susunan | sokur sèwu putrèngsun mênang kang jurit | rinêksa ing Pangeran ||
3. angandika jêng sri narapati | hèh Răngga dening têka alawas |
--- [f. 143v] ---
dutaningsun ing lakune | mapan kang arsa têluk | ya si kakang Mangkunêgari | apa doh prênahira | Mas Răngga umatur | wartanipun wontên ngarga | lêlalampahan[67] sadintên saking ing ngriki |[68] kados mèh dungkap prapta ||
4. sa gupita dyan katur sang aji | duta sangking Kamangkunêgaran | wus ngandikan duta ture | kawula nuwun prabu | ba dinuta ing putra aji | kinèn atur uninga | putra ji gènipun | nglampahi karsa narendra | angsal barkat dalêm bêdhah Ponaragi | Suradiningrat pêjah ||
5. punika mustakane kacangking | katur panduka sri naranata | kalangkung suka sang rajèng | ingalêm putra punjul | yèn prajurit tuhu tur luwih | susunan angandika | tanya sampun katur | agalur lir wong carita | tingkah polah tatane kalawan titi | tingkah polah ngayuda ||
6. angandika Sang Prabu Mêtawis | lah warahên putra sun tarima | walura lanang jurite | nanging galih sang prabu | tan katara sinamur liring | dening têka nyalunthang | kalananganipun | angaturakên binêkta | duta matur kalayan malih narpati | inggih putra narendra ||
7. anuwun karsa dalêm sang aji | punapa nata karsa [kar...]
--- [f. 144r] ---
[...sa] pinarak | nagri Ponaraga rajèng | saosan inggih sampun | yèn tan tindak sri narapati | putra panduka karsa | sowan ing sang prabu | lah warahên putraningwang | ki dipati iya karsa tindak mami | yun wruh ing Ponaraga ||
8. lan ingsun liwat onêng kapati | mring ki putra warahên ja seba | duta mit mundur lakune | êndhas binêkta mantuk | kinèn maringakên naknèki | wus lajêng punang duta | luwaran sa prabu | lêt sadalu duta prapta | kang nimbali Pangran Madiun ing nguni | nama Mangkunêgara ||
9. lawan Martalaya sarêng prapti | sampun katur wau ing susunan | bupati pêpakan kabèh | kinèn nimbali gupuh | Pangran Mangkunêgara tuwin | Pangeran Martalaya | prapta ngarsa prabu | sanak rayate binêkta | duk tumingal ulap non cahya sang aji | gumilap lir sasăngka ||
10. nyata yèn wus panjênêngan ngalih | jaja padhang nyamadi sarira | tan kumlamar ing tingale | nulya bêkti abungkuh | sumungkêm ing sampeyan aji | mundur ganti nakira | sadaya angujung | angandika sri nalendra | kakang anakira Si Subarja êndi | wotsêkar gih punika ||
11. wontên wingking iya iku bêcik | sun tingali gandare prayoga | pa iku nakira kabèh | matur nêmbah gih nuwun [nuwu...]
--- [f. 144v] ---
[...n] | kakang dene lawas tan prapti | nêmbah jrih aturira | kawula unuhun | ngunjukakên pêjah gêsang | dasih prabu ak kula abdi aji |[69] sumăngga karsa nata ||
12. kalayan malih ămba pun dasih | angunjukakên abdi paduka | nêgari Madayun kabèh | sumăngga karsa prabu | iya ingsun tarima ugi | bêktinira maringwang | mêngko ngapurèngsun | têtêpana saparonya | ing Madiun sisiha arinirèki | si adhi Martalaya ||
13. sira têtêpana kang sapalih | matur nêmbah Pangran Martalaya | anuwun konjêm mukane | angandika sang prabu | namanira kakang sun alih | jumênênga Pangeran | Mangkudipurèku | si adhi maksih têtêpa | namanira Pangran Martalaya yayi | lan kakang anakira ||
14. Si Subarja sun pundhut ngong paring | nama Rahadèn Purwanêgara | iya dadia kanthine | ki dipati nom iku | ture nuwun sumăngga aji | tan ngraos darbe suta | di dalêm sadarum | lah uwis kakang nataa | anak punanira kabèh alah uwis | ariningsun nataa ||
15. ing kadang-kadangira ri mami | jêng susunan mapan wus luwaran | di dalêm wus mundur kabèh | sigêgên kang winuwus [winuwu...]
--- [f. 145r] ---
[...s] | Jêng Pangeran Makunêgari | samênangira aprang | pasanggrahanipun | Sumampir enjinge bubar | pan lumêbêt wau kitha Ponaragi | pangeran masanggrahan ||
16. nuntên duta sing Madiun prapti | sampun katur satimbalan nata | pasuka[70] kyai galihe | inggih suka kêlangkung | nuntên pangran anata abdi | panggenan myang jarahan | asuka sadarum | kêbo sapi pan akathah | ing jro dalêm wontên kang gêdhong satunggil | sinaoskên narendra ||
17. ngandika pangran hèh bocah mami | gêdhong iku ja sira lah-olah | bakal ngong saoskên rajèng | lah rêsikana iku | badhe pasanggrahane kyai | lamun rawuh ing bejang[71] | dèn rêsik sadarum | pacuwan bocah sadaya | ja na wani-wani dening ingong ngalih | ngetan lah rêsikana ||
18. umahe Si Suradiwiryèki | sabên wêngi iku kêmitana | poma dèn karêksa mangke | ja ulah-ulah iku | tan antara dutane prapti | mantri pamijèn tiga | kang tumut rumuhun | anake Suradiningrat | Japrabăngsa Japrawira Jakintaki | wus cumundhuk pangeran ||
19. Jakintaki matur awotsari | kawula nuwun inggih punika | Suradiningrat darbèke | miwah kaprabonipun | saparabotipun [sapara...]
--- [f. 145v] ---
[...botipun] bupati | punika kula bêkta | wus pêpak sadarum | têtêngêre kabupatyan | kaatura dhumatêng ing kangjêng gusti | warni maryêm sasonga ||
20. kang sinapan cacah kalih biting | tigang atus kang awarni tumbak | miwah kodhok ngorèk anggèr | pêpak sarancakipun | salendrone saraknèki |[72] kêkalih warni kapal | sapangagenipun | warni kancana sadaya | lan badhaya sasanga samêkta sami | pêngagenipun pêpak ||
21. myang gamêlanipun katur gusti | kalayan punika warni sela | intên punika cacahe | wolung kêmbaran katur | ingkang warni mirah gungnèki | pan nêmbêlas kêmbaran | inggih gusti katur | lêlèpèn sêsêr kêncana | kawan dasa yatra sèwu katur gusti | pangeran langkung suka ||
22. kalayan punika ingkang sami | sêlir-sêlir katura sadaya | pangeran pangandikane | iku si wong ingutus | têtirua Si Jakintaki | ya Si Jayaprabăngsa | Japrawira iku | nora nganggo ingong wêkas | lêga atiningsun mirsa ture sami | Jakintaki balia ||
23. têtêpêna sagunanirèki | tur sandika Jakintaki kintar | wangsul maring panggenane | pangran kasukan nutug | bêbêdhayan siyang lan latri | mangan nginum lan wadya | kawarnaa wau | Jakintaki sampun [sampu...]
--- [f. 146r] ---
[...n] prapta | matur pangran lampah kula sampun radin | gih pun Martamênggala ||
24. sampun agêng manahipun gusti | gangsal atus kêkapalanira | iya luwih trimaningong | Jakintaki lakumu | nulya wau dipun bisiki | poma ta wêkas ingwang | mana na iku |[73] kancamu myang sanak-sanak | atanapi abdine kangjêng kiyai | takon lèh-olèhira ||
25. poma pêpêtên dipun adhêmit | Jakintaki umatur sandika | sigêgên winuni mangke | jêng sunan nèng Madiun | sampun lama arsa nindiki[74] | dhatêng ing Ponaraga | nimbali wadya gung | pra bupati myang lêlurah | sampun pêpak asowan ing ngarsa aji | Mas Răngga Jayèngrana ||
26. Jayawinata Janapurèki | lurah mijèn Dyan Natawijaya | sinandhing putra kalihe | myang măncanêgarèku | Pangran Mangkudipura nangkil | lan Pangran Martalaya | Caruban namèku | Rahadèn Martakusuma | Tirtayuda tumênggung ing Saosragi | lurah prajurit pêpêk |[75]|
27. jêng susunan gêganjar ing dasih | sabuk wastra mas lawan ardana | wadyabala wrata kabèh | Dyan Purwanagara wus | ginadhahan kris saputrati | jêng susunan ngandika | Răngga karsaningsun | tindak maring Ponaraga | ayun wruha lan ingsun arsa [ar...]
--- [f. 146v] ---
[...sa] pêpanggih | kalawan ki dipatya ||
28. Mangkunêgara matêngkên pikir | ala bêcik saha Ponaraga | wotsêkar Mas Răngga ture | sumăngga karsa prabu | sakalangkung dening prayogi | ya besuk esuk mangkat | dandana sadarum | sadaya nuwun anêmbah | lan maninge si kakang lawan si adhi | sun gawa ja kasmaran ||
82. Asmaradana
1. kapanggiha putra mami | Dipati Mangkunêgara | yèn wus kapanggih sira ge | muliha apradangdanan | sarta ngumpulna wadya | kang kentar dèn priha mantuk | pangeran kalih wotsêkar ||
2. nulya luwaran sang aji | bupati bubar sadaya | injing muni têngara |[76] tambur gong bèri gumêrah | salomprèt wor gamêlan | di dalêm dangdan sadarum | miwah kang nyaosi tundhan ||
3. ngamandhang swaraning jalmi | nguwuh rowang baris tata | warnanên wau sang rajèng | sampun angrasuk busana | sunan wahana kuda | pra garwa nitih sadarum | tanapi para pawongan ||
4. têngara bubar kang baris | sumahab kang wadyabala | lir kadya lama tatane | kang dados pangajêng lampah | Madiun Jagaraga | anglir lêlaron ambubul | wus lêpas dènnya lumampah ||
5. datan kawarna ing margi | prapta Dêmung masanggrahan | enjing wus budhal sang rajèng | satêngah-têngahing
--- [f. 147r] ---
lampah | Pangran Mangkudiningrat | lan Danawarsa amêthuk | myang sakancane sadaya ||
6. wus amor samya lumaris | dungkap kitha Ponaraga | wus malatar jajarane | ngalun-alun sampun prapta | urmat drèl munya ramya | mariyêm munya gumêldhug | lir bêlah ingkang pratala ||
7. kukus kumêlun wiyati | kumpul dadya jaladara | wus rawuh pasowan rajèng | pangeran gêpah amapag | sunan lajêng ngadhatyan | wong pacampuhan gumuruh | jalwèstri panggih lan kadang ||
8. pinarak sri narapati | sineba dening ka wadya | pêpak pra bupati kabèh | miwah ingkang putra-putra | mantri-mantri lêlurah | măncanêgara sadarum | samya munggèng ing ngayunan ||
9. nulya kang tadhahan mijil |[77] lumintu kang sêsaosan | ya ta adhahar sang rajèng | tan dangu anulya wusan | linorod kang carikan | jawi sêsaosan agung | warata kang wadyabala ||
10. wanuh dhatêng ing pakathik | sêkul ulam pêpanganan | lir sarah sangking thahe |[78] jêng susunan angandika | atanya mring kang putra | andangu tingkah prang pupuh | ing purwa madya wêsana ||
11. atur tingkah polah jurit | lir kadi wong acarita | purwa madya wasanane | pêjahe [pêjah...]
--- [f. 147v] ---
[...e] Suradiningrat | sampun katur sadaya | angandika sang aprabu | bêgjanira kaki putra ||
12. tan sêmbada angkuhnèki | Si Dipati Ponaraga | dadya bot mêrang sagèdhèng | têmah tan mawi papêjah | miti[79] tan olèh bela | pangeran matur wotsantun | kados sampun takdiring Yang ||
13. angkêr panjênêngan aji | kawula darma lumampah | dangu agupita rajèng | Pangeran Mangkunêgara | alon matur wotsêkar | punika jarahanipun | sagung praboting bupatya ||
14. kaatura ing narpati | punika kang warni kapal | agêm kalayan dhuwunge | bêdhayanipun sasanga | saprabotipun pisan | katur sagamêlanipun | ngandika sri naranata ||
15. liwat tarimèngsun kaki | bêkti guna kayanira | pangran matur wotsêkare | kang warni waos sênjata | kula suwun sadaya | dadosa sêsulamipun | dêdamêl kula kang risak ||
16. kalayan punika malih | ingkang awarni gamêlan | salendro myang kadhok[80] ngorèk | kaatura sri narendra | kenginga kula gadhah | sang nata angandika rum | kulup ya luwih prayoga ||
17. darma ingsun angidèni[81] | kang sira suwun sadaya |
--- [f. 148r] ---
guna kayanira dhewe | mapan ingsun wis pracaya | kabèh marang ing sira | pangeran matur wotsantun | kula ngaturi uni |[82]|
18. angriyini karsa aji | nakipun Suradiningrat | kawula suwun gêsange | mangke kamipurun ămba | ing karsa sri nalendra | têtêpa bupatinipun | ngayumi wong Ponaraga ||
19. iya bêcik putra mami | kalayan malih sumăngga | karsa dalêm sakathahe | bupati măncanêgara | sadaya katur nata | sumăngga karsa sang prabu | ing Kadhiri Kartasana ||
20. Sarêngat Balitar Ngrawi | Pace kang sami anunggal | Ponaraga barisane | iya kaki sun tarima | kayanira sadaya | lawan malih sun wèh wêruh | uwa pamanira prapta ||
21. ing Madiun iku kalih | Jagaraga lan Caruban | sun srahakên sira mangke | sanadyan kang kathah-kathah | sira kang angrèhêna | ingsun pitaya kalangkung | sira sun gawe wêrana ||
22. pangeran nuwun wotsari | nulya kang warni jarahan | sarta bayongane kabèh | pinundhut lumêbèng pura | wus lumêbêt sadaya | kang putra tinundhung mêtu | aluwaran sri nalendra ||
23. sêmana sampun aradin | nagri bang wetan sadaya | wong cilik enak atine [ati...]
--- [f. 148v] ---
[...ne] | narendra anggung kasukan | bêdhayan miyos watang | Mangkunêgan tan kantun |[83] bêdhayan inum-inuman ||
24. lama sangsaya katawis | pangeran agêng kang manah | miwah wong cilike kabèh | sabarange samya owah | myang kang angkah-piangkah | susunan uningèng kalbu | nanging pinrêm ing wardaya ||
25. sigêgên sri narapati | wus lama nèng Ponaraga | karta-karti ing samangke | gêntia kang cinarita | kang nèng nagri Sêmarang | Kumpêni ingkang winuwus | sêmana kalangkung susah ||
26. dening kasoring kang jurit | sadhêngira[84] rêrêmbagan | papak[85] wong pasisir kabèh | miwah Kumpêni sadaya | mila sami anglêmpak | wus amirsa wartinipun | nulya Kêdhu ingagêngan ||
27. susunan mring Ponaragi | ingkang dadi watirira | gutuk kidul êlèr |[86] manawa marang Sêmarang | yèn ta kalampahana | sakêlangkung susahipun | Kumpêni alit ka manah ||
28. anulya dipun undhangi | kang abêdhah Pangangsalan | Bupati Sala sakèhe | Kumpêni nèng Pangangsalan | samya kinèn majênga | atulung kang baris wau | ingkang wontên ing Trasna |[87]|
29. kapirsa lamun dèn gêngi | mila inggal binantonan | Mayor Hop senapatine | Kumpêni Sêlam akathah [aka...]
--- [f. 149r] ---
[...thah] | wong pasisir tut wuntat | Kêndhal Wiradesa tumut | Batang andhèrèk lampahnya ||
30. Pangangsalan kang tut wingking | pêpatihira kewala | wong Sala andhèrèk kabèh | Mangkuyuda Natayuda | miwah Surajênggala | Rajaniti malihipun | Ki Tumênggung Wiradigda ||
31. ingundang dhatêng Sêmawis | sadaya prasamya prapta | kinèn pacak baris mangke | wontên bumi ing Bahrawa | nanging Ki Wiradigda | Rajaniti mopo wau | sawab tan darbe têtiyang ||
32. sami dhepok ing Sêmawis | anuli Ki Mangkuyuda | abaris wontên Tigaron | ing Jambu Surajênggala | dènnya pacak barisan | Natayuda sakit lampus | kagêntèn dening pun Laba ||
33. Natayuda ingkang lami | tumut wontên ing Bahrawa | wus tata pabarisane | nulya gupênur samana | agawe sandi guna | Pangeran Wijil ingutus | nusul sunan pêpungkuran ||
83. Pangkur
1. pan sampun dèn wêkas-wêkas | sampun têlas kawrat Pangeran Wijil | kang ginawe nyamur laku | ngaturkên anakira | Ki Tumênggung Jayawinata puniku | gupênur ing karêpira | sokur ora sokur kêni ||
2. sunan karsane adhènga | kang kawarti
--- [f. 149v] ---
arsa gitik Sêmawis | sêdhêng pradangdanan sampun | Pangran Wijil wus kesah | kinèn nusul susunan saênggènipun | kang warti mring Ponaraga | lampahira tan winarni ||
3. Mayor Kop[88] ingkang kocapa | anjog Tigawanu wus pacak baris | wadya Mêtaram winuwus | kumpula anèng Pucang | rêrêmbagan bupati pêpak sadarum | angrêmbagi ja Ki Jadarja[89] |[90] rêbat lampah yèn sawawi ||
4. sami amajêng barisnya | apacêka Manggora tuwin pun adhi |[91] Wiradigda kanthinipun | inggih pun Jagalatan | abarisa Pingit wus rêmbag sadarum | Ki Jadirja sampun bubar | Dyan Mangkuwijaya tuwin ||
5. Rahadèn Mangkudiwirya | Suryanêgara Măndraka tanapi | Pangran Diwijaya kumpul | lan Radèn Jayaningrat | sampun pacak baris Garêgês gènipun | pan sampun ayun-ayunan | ingkang winuwusa malih ||
6. Mangkuyuda Natayuda | lawan Surajênggala kang winarni | arsa majêng barisipun | pêraka lan Walănda | nulya bubar ing Barongkol[92] ênggènipun | arsa nunggal lan Walănda | Ki Wiradigda winarni ||
7. lan Jagalatan wus mirsa | arsa gitik mangkat wus dangdan sami | pinêthuk ing yuda campuh | ing Gêdhèg dènnya aprang | long-linongan wong Bahrawa kathah lampus | nulya sapih ingkang
--- [f. 150r] ---
yuda | kèndêl dhêp-adhêpan sami ||
8. sigêgên malih kocapa | Pangran Wijil lampahe nuli-nuli | susunan ingkang jinujul | pan mêdal Garobogan | Ardi Kêndhêng ingambah rintên lan dalu | anjog bumi Jagaraga | dèn andhêg kang têngga nagri ||
9. datan suka aliwata | kinèn ngantos atur uninga gusti | Pangran Wijil dhatêng nurut | wong Jagaraga duta | sampun kintar prapta Ponaragi gupuh | matur mring bêndaranira | purwa wasana wus ênting ||
10. Tirtayuda sampun sowan | dhatêng gusti Pangran Mangkunêgari | ămba tur uninga nuwun | kalamun wontên duta | sing Sêmawis bêkta surat dutanipun | Pangran Wijil ingkang nama | kèndêl mas timbul ing warih ||
84. Maskumambang
1. angandika Pangeran Mangkunêgari | iya Tirtayuda | dutanira kinèn nganti | ingong sowan ing narendra ||
2. sampun dangdan pangeran sowan ing aji | tan kawarna marga | wus katur dhatêng sang aji | pangeran nulya ngandikan ||
3. sampun dhatêng pangeran ing ngarsa aji | matur awotsêkar | ămba ngaturi udani | wontên duta sing Sêmarang ||
4. gih pun paman Wijil saha mawi tulis | lawan anakira | Jayawinata tinuding | asowan dhatêng narendra ||
5. kaya priye
--- [f. 150v] ---
bêcike ta putra mami | yèn sawawi karsa | tinimbalana sang aji | awon pênêde kantênan ||
6. alah iya sira kona animbi |[93] pangeran anêmbah | wus mundur saking ing puri | dyan prapta ing pamondhokan ||
7. Tirtayuda tinimbalan sampun prapti | hèh ya Tirtayuda | timbalana paman Wijil | kang egal nuli praptaa ||
8. Tirtayuda mundur sarya awotsari | duta kinèn nulak | gêgancangan lampahnèki | Pangran Wijil tinimbalan ||
9. sampun mangkat datan kawarna ing margi | Pangran Wijil prapta | sowan mring pangran ta aglis | panggih takwèn-tinakenan[94] ||
10. dika kantun kula asowan sang aji | pangran sampun dangdan | asowan dhatêng sang aji | tan dangu prapta paseban ||
11. sampun katur tinimbalan manjing puri | pangran sampun prapta | ing ngayunan sri bupati | pangran matur awotsêkar ||
12. nuwun duka kawula atur upêksi | dhumatêng narendra | yèn pun paman Wijil prapti | kèndêl wontên pondhok amba ||
13. alah iya putrèngsun konên ngantèni | dhi Wijil ing jaba | besuk esuk sun timbali | lan sira sore balia ||
14. lan gawanên sakèhe para bupati | wis sira mêtua | pangran nêmbah mundur aglis | wus
--- [f. 151r] ---
prapta ing pasanggrahan ||
15. sontênipun pangran asowan sang aji | pêpak kang bupatya | putra sêntana wus prapti | adan samya tinimbalan ||
16. wus lumêbêt pangran lan para bupati | wus prapta ngajêngan | atap andhèr ngarsa aji | angandika sri narendra ||
17. putraningwang lan sakèh para bupati | prakara kang duta | adhi Wijil ingkang prapti | yèn sêmbada karsaningwang ||
18. Si Walănda karêpe amangarahi | mapan dhingin mula | kongkonane wali-wali | ya sun dèn lêmbut dèn agal ||
19. nanging ingsun uninga ingsun kukuhi | sok aja sun cidra | anguncati ing prajangji | têtêlasaning wangsita ||
20. karsaningsun angage manah sarèhi | bêcik ingsun iya | ala ingsun ora wêdi | alah iku karsaningwang ||
21. sakathahe bupati sami ngrêmbagi | ing karsa naldre |[95] Pangeran Mangkunêgari | dèrèng eca ingkang manah ||
22. angandika sang nata arum amanis | nanging putraningwang | Dipati Mangkunêgari | pênjaluk ingsun ing sira ||
23. aja sira kabaranang ujar sandi | jêr padha uninga | pêngarahe Si Kumpêni | dhèwèk ya duwe pangarah ||
24. ujar bêcik sinauran ujar manis | ja kabranang ujar | ala bêcik untung kaki | nging iku panjaluk ingwang ||
25. Pangran Mangkunagara matu[96] wotsari [wo...]
--- [f. 151v] ---
[...tsari] | anuwun narendra | ămba ringêng dèrèng dugi | karsa dalêm ingkang têrang ||
26. karsa dalêm punapa jêng sri bupati | arsa nglagatana[97] | arsa pênêd lan Wêlandi | sêsandinipun kadhahar ||
27. dados tanggêl yèn mêngkatên karsa aji | mangke pun Walănda | sampun miris ingkang ati | anuntên kaèndhèlana ||
28. gih pun dasih angraos batên kadugi | aluwung kabêna | sampun siyang najan latri | sumaos karsa nalendra ||
29. angandika narendra arum amanis | iku putraningwang | ja sira kadukan tampi | dudu iku karsaningwang ||
30. ora ingsun uga yèn arsa abêcik | tan akarsa ala | bêcik gêlêm ala wani | wong guna minêngsah cidra ||
31. mêngko manèh ingsun sêjaa gumingsir | wis nagri karêbat | saparo partigan kaki | dhingin kari ponakawan ||
32. tan gumingsir goningsun ngrêbat nêgari | kang sun jaluk sira | sabasane Si Wêlandi | indêlna aja kaprapal ||
33. nadyan gangsul ujar mêngsah iku iki[98] | ya sira nêngêna | samande nora nyampuni | lan aja ngrasani liyan ||
34. akèh-akèh wacana angrusak niti | mokal yèn ajriha | yèn tan kalah lawan jurit | tan takut basa kewala ||
35. yèn mêngkatên karsa panduka sang aji | manah
--- [f. 152r] ---
ămba lêga | kawula dhatêng ngrêmbagi | sakarsa-karsa nalendra ||
36. nanging ămba yèn amirsa wuwus jalmi | ingkang tan prayoga | botên kilêm ingkang galih | wantune si wong nonoman ||
85. Sinom
1. sri narendra angandika | dèn santosa putra mami | wotsari matur sandika | inggih manawi kadugi | sayêktos gih pun dasih | tan sagêd basa alêmbut | lamun ămba amirsa | ujar tan ngaosi aji | sakêlangkung ămba tan sagêd miyarsa ||
2. kêdah kawula parapal | têtêlasanipun inggih | botên sagêd rêrêmitan | ya tarima putra mami | bêktinira ing kami | nanging dèn bisa putrèngsun | kang putra nuwun nêmbah | wus mundur prasamya mijil | besuk esuk kabèh padha asaosa ||
3. wus mantuk sewang-sewangan | datan kawarna ing latri | enjingipun samya sowan | sakathah para bupati | miwah para prajurit | lêlurah-lurah sadarum | asaos ing pasowan | gêgaman binêkta sami | amêlatar wong sura prayêtnèng[99] baya ||
4. Pangeran Mangkunêgara | adan asowan sang aji | ambêkta sawadyabala | tanapi Pangeran Wijil | binêkta sowan aji | tan têbih ing prênahipun | lawan Kangjêng Pangeran | Dipati Mangkunêgari | kawarnaa prajurit
--- [f. 152v] ---
para lêlurah ||
5. ingandikan de narendra | sakathah para prajurit | wus kinèn samya atata | angubêngi ing mêndhapi | têtanya kadya lami | lir lêlampah nisthanipun | tinap panggenanira | Saragêni anèng ngarsi | kiwa têngên sinambangan Jagabaya ||
6. kang kilèn wong Jagabaya | Namèngyuda lawan Bugis | wingkingira sri narendra | Kapilih lawan pamiji | sawetaning narpati | wong Suranata sadarum | kiwa têngên panumbak | miwah ingkang sikêp bêdhil | patrapira padha prayitna sadaya ||
7. Pangeran Mangkunêgara | wus prapta ing păncaniti | adan ngaturi uninga | yèn kang putra saos jawi | miwah Pangeran Wijil | para bupati sadarum | pêpak anèng byantara | anulya kinèn nimbali | sampun mêdal pariwara ing byantara ||
8. pangeran dika ngandikan | kalawan Pangeran Wijil | miwah kang para bupatya | supênuh putra kêkalih | adan lumêbèng puri | ingawe dening sang prabu | padha sira munggaha | sadaya minggah wotsari | atap andhèr ing ngarsanira narendra ||
9. hèh putraningsun majua | lan pamanira dhi Wijil | miwah putra sun dipatya | atanapi Ki Ngabèi | sami majêng wotsari | alênggah ngarsa tumukul [tumu...]
--- [f. 153r] ---
[...kul] | ngandika jêng susun |[100] kang têmbung arum amanis | adhi Wijil apa padha kalujêngan ||
10. amatur saha wotsêkar | inggih walujêng sang aji | sangking barkat sri narendra | umatur Pangeran Wijil | kula nuwun sang aji | ămba punika ingutus | de saudara nata | Tuwan Upênur Sêmawis | atur tabe inggih saha mawi surat ||
11. konjuk kajêng sri narendra | punang surat wus tinampi | binuka de kangjêng sunan | winaos kang punang tulis | pèngêt tanduking tulis | kang sêrat pratăndha tulus | iklas suci ing manah | saking saudara lami | tuwan gupênur kang pilênggah Sêmarang ||
12. sarta tabe kathah-kathah | inggih dhumatênga ugi | wau ingkang saudara | Jêng Pangran Pêpakubumi | sarta dhatênga malih | kang putra-putra sadarum | sampun kadya punika | wiyosipun atur mami | saudara kang purik lagya lêlana ||
13. mangke kang sampun alama | gêgujêngan lan Kumpêni | atêmahan gagêmpuran | Jawa Kumpêni kèh mati | dumadya tanpa kardi | gujêngan kawitanipun | kang saya kadrawasan | dhatêng têmah saya lali | kang ing make sawawi sami mantunan ||
14. punika atur kawula | dhatêng saudara [sa...]
--- [f. 153v] ---
[...udara] mami | Pangeran Pêpakualam | tanpa wêkas têmahnèki | mangke dêlasan binjing | wadya Kumpêni sadarum | nora cidra ngubaya | punapa kang dados galih | saudara bok inggiha |[101]|
15. aluwung amêmundhuta | kula ingkang anyanggupi | sapamundhut saudara | amêsthi dipun têkani | dhatêng wadya Kumpêni | amêsthi kawula nanggung | sapamundhut sampeyan | kang mêsthi kalamun dadi | bok inggiha mijila sangking kawula ||
16. saudara lan kawula | botên wontên kang ngawoni | kawula botên anyana | atêmahan dadi jurit | têlase atur mami | binucal ingkang rumuhun | măngsa sampun kaliwat | mangke kimawon pinikir | lamun lêga kula turi pêpanggihan ||
17. inggih ta sakarsa-karsa | yèn sampun sami kapanggih | arsaa jumênêng nata | saudara kadi dadi | yèn sampun apêpanggih | kalayan priăngganingsun | kenging botên kenginga | saudara kula turi | pêpanggihan kawula dhèrèk kewala ||
18. wus titi kang punang surat | pinatêdhakkên tumuli | dhumatêng wau kang putra | Pangeran Mangkunêgari | winaos tan asari | ungêle kadya rumuhun | wus têlas ungêl surat | pangran muwus èsmu runtik | tur amirsa basane têka pangeran ||
--- [f. 154r] ---
19. apa baya eman mana | yèn mungêla ujar lamis | yèn anêbuta susunan | apa baya nuli mati | iku wong sêja bêcik | tan ngaosi ratuningsun | sakèhe Si Walănda | sandi garoh[102] ujar manis | anauri Pangran Wijil awacana ||
20. inggih anggèr amiyarsa | milane tan mungêl tulis | sanadyan ta jumênênga | jinunjunga ing Kumpêni | punika dugi mami | kajêngipun pun upênur | Pangran Mangkunagara | nauri wacana malih | bok ta sampun jinunjung dening Walănda ||
21. punapa tan jumênênga | yèn jinunjung Kumpêni |[103] mangke wus jumênêng nata | manira junjung pribadi | dening puniki dadi | nora ngangge si gupênur | manira jungjung dhawak | Pangran Wijil anauri | nêdha ugi anggèr pangaksamèng nala ||
22. jêng sunan rêngu ing nala | asêpi tan ana uning | anutuh dhatêng kang putra | mau wus sun pituturi | sinamur de sang aji | dhi Wijil tutura iku | mênawa na wêlingnya | matur nêmbah Pangran Wijil | wêlingipun pun gupênur yèn sêmbada ||
23. ambucala ingkang ala | sampeyan dipun aturi | pêpanggihan rêrêmbagan | punapa pinundhut gusti | yèn sampun apêpanggih | karsa jumênênga ratu | Kumpêni kang jungjunga | lan botên
--- [f. 154v] ---
sudara aji | ngraos salah gih dèrèng nyidrani ujar ||
24. agèr dhumatêng sampeyan | mèsêm ngandika sang aji | dening manis kadi kilang | nora pisan anyadrani[104] | bisa upaya sandi | nyata luwih si gupênur | asaèn winor guna | dening langku[105] arum manis | tanpa ngrasa apa karane sun lunga ||
25. apa kang dadi kawitan | dudu sangking ingsun ugi | mapan ta sira uninga | ing purwane duk rumiyin | sumpahe anglangkungi | samade madayèng wuwus | mungguh ingsun wêlèhna | durung sun madayèng jangji | dhingin mêngko Si Wêlănda ingkang cidra ||
26. sumpah sikil dadi êndhas | êndhase dadia sikil | sumandene iya cidra | gadhuhan sun dèn pundhuti | mangke dalasan benjing | ingsun tan madayèng wuwus | dening nêgara Jawa | kabèh darbèk sun pribadi | nora ingsun ngêmpèk-êmpèk Si Walănda ||
27. ya pagene Si Wêlănda | salah karya nora mami | angrêbat darbèking liyan | jumênêng tan jênêng mami | ya karsa sun pribadi | salah karya si gupênur | yayi ewa mêngkana | denang[106] muguh[107] jênêng mami | bêcik ala iya ingsun nora arsa ||
28. Jawa duwèk ingsun dhewak[108] | ya ingsun tan arsa bêcik | dene [de...]
--- [f. 155r] ---
[...ne] Si Walănda kêdah | abêcik ingsun nadhahi | yèn tinurut jar mami | nagara Jawa sadarum | pasisir pagunungan | iku duwèk sun pribadi | Si Walănda aja milu salah karya ||
29. tulusa lampah adagang | adol tinuku sayêkti | saanane nagri Jawa | dagangan ingsun nadhahi | paripaksa tan kêni | salêgane atiningsun | ku mênawa sun karsa | abêcik lawan Kumpêni | dening ingsun ingajak têmu Walănda ||
30. iya ingsun nora karsa | pêpanggih lawan Kumpêni | dening kêdah paripaksa | aseba marang ing mami | nuwun Pangeran Wijil | pakèwêd tan bisa muwus | kaluhuran ing sabda | Pangran Mangkunêgara ngling | paman Wijil kula wêling dhatêng dika ||
31. gusti amundhut punapa | Si Pèmbêr dika bejani | kaya dudu wong prawira | sok anukup dika pênging | lamun wong padha wani | bok prang dhadha padha punjul | sarya gumujêng latah | Pangran Wijil matur inggih | angandika sunan wis sira waraha ||
32. dhi Wijil sira muliha | ngong tan duwe ujar kalih | Pangeran Mangkunêgara | gêgujêngan amamêling | kula wêkas man Wijil | dika bejani gupênur | dika kèn kêkirima | têlèdhèk kang bêcik-bêcik | dening kathah Sêmawis
--- [f. 155v] ---
sarya asuka ||
33. nuwun inggih aturira | Pangran Wijil matur ngaji | anuwun karsa panduka | aprakawis anaknèki | Jayawinata uni | sumăngga karsa sang prabu | sun tan wruh iku anak | Jawinata dèn kêjèpi | nulya angling Jayawinata dêlingnya ||
34. kawula kang botên suka | gupênur dika bejani | dèrèng mari onêng ingwang | lan tabe kula dèn prapti | prakawis anak mami | suka tan sun jaluk |[109] tan awèh yèn balia | Pangran Wijil sira angling | inggih benjing kawula darma dinuta ||
86. Durma
1. Pangran Wijil sampun amit nulya mêdal | jêng sunan ngandika ris | dhumatêng kang putra | miwah sakèhing wadya | dèn padha angati-ati | ja na pêpeka | putrangong ki dipati ||
2. aprakara adhi Wijil lamun arsa | mulih ja sowan mami | wus tinundhung mêdal | putra lawan bupatya | luwaran sri narapati | enjing kawarna | Pangran Wijil wus mulih ||
3. kawarnaa sunan karsa nata bala | kang putra dèn timbali | tuwin pra bupatya | wus apêpak sadaya | katur dhumatêng sang aji | wus tinimbalan | pangran lan pra bupati ||
4. praptèng pura atap andhèr ing mandhapa | Pangran Mangkunêgari | nèng ngarsa nalendra | susunan [su...]
--- [f. 156r] ---
[...sunan] angandika | putraningsun ki dipati | sun duwe karsa | yèn rêmbug sira kaki ||
5. Ponaraga ingsun dum ingkang warata | Surabrata naknèki | Si Martamênggala | sun gadhuhi rong nambang | angaliha ingkang nami | ran Surabrata | ingkang rong èwu maning ||
6. Si Kartapraja iya kaki gadhuha | sun paringi ku kaki | rong èwu si paman | iya iku gadhuha | sun paringi iku kaki | jênênga Radyan | Natabrata prayogi ||
7. kang rong èwu sun paringkên pamanira | Natawijaya uni | linggiha sanambang | kang sanambang dèn duma | sakancane kang waradin | pangran pranata | sandika turing aji ||
8. lan ingsun arsa ngaturi eyangira | sarta ibunirèki | pangran awotsêkar | inggih langkung prayoga | gandhèk sampun timbali |[110] hèh Darmasuta | ya sira ingsun tuding ||
9. lumakua ratu sira aturana | myang sakèh sari mami | miwah para răndha | ja kari putraningwang | sandika ture wotsari | ginawan layang | gandhèk mintar mijil |[111]|
10. aluwaran susunan kang seba mêdal | wus karsaning Ywang Widi | wêwêlaning nata | kala wêktu punika | coba beka agêng prapti | dhatêng susunan | Pangran Mangkunêgari ||
11. kadukan tămpa asakit ingkang manah | sabarang dados [da...]
--- [f. 156v] ---
[...dos] galih | kenging cobaning Yyang | ingadu dening corah | punika minăngka bêlis | jalma kang ala | gêgêdhêging nêgari ||
12. Pangran Mangkunêgara kala sêmana | kalangkung dening ajrih | dhumatêng kang rama | batinipun kewala | kang sarira tan katawis | anging kang wadya | samya dipun ajani ||
13. ingkang rama botên măntra pisan-pisan | kalangkung dening sêpi | sigêgên kocapa | gandhèk kang lumaksana | ing Rancang pan sampun prapti | lajêng asowan | ing ratu brăngta kingkin ||
87. Asmaradana
1. kasmaran dening pawarti | marêngi kang gandhèk prapta | kawula dinuta rajèng | ngunjukakên ingkang surat | katur wus kinèn maca | punika kang surat katur | putra sampeyan jêng sunan ||
2. nama Pakubuwana Di | Senapati Ing Ngaga |[112] Durrahman Sayidin mangke | Panatagama katura | ratu bêkti kawula | lawan salam donganingsun | dhawuha ratu kêncana ||
3. miwah sakèh pramèswari | putra sêntana sadaya | sampuning punika lire | ratu kula turi dika | pinarak Ponaraga | lan mantu dika sadarum | miwah wayah kaponakan ||
4. pra răndha dika bêktani | poma inggala lumampah | wus titi tamat surate [sura...]
--- [f. 157r] ---
[...te] | abungah marwata suta | ratu gêng miwah putra | ratu kêncana sêsugun | atanapi para garwa ||
5. santana dangdan prasami | enjingipun nulya bubar | wus tigang dalu lampahe | andungkap ing Ponaraga | gandhèk dhingin tur wikan | prapta panangkilan matur | lamun kangjêng ratu prapta ||
6. gupuh kangjêng sri bupati | kinèn dhawuhkên timbalan | kang putra bupati kabèh | miwah prajurit sadaya | kinèn barisa urmat | Mas Răngga ingkang amêthuk | lawan Radèn Jayèngrana ||
7. sampun kapêthuk ing margi | kang wingking baris malatar | kawarnaa jêng sang rajèng | arsa miyos sinewaka | ngrasuk kaprabon nata | wu[113] samêkta tan apunjul | kadi Ywang Asmaratăntra ||
8. gumilang cahyaning aji | kang nămpa padha yu raras | samya paywas ayu kabèh | bêdhaya lan pêpingitan | anandhang samir sutra | wayah rumaja putrèku | at[114] andhèr ing ngayunan |[115]|
9. pan wus tindak sri bupati | ginarêbêg ing badhaya | miwah pawongane kabèh | ilang kamanusanira | lir Bathara Marmata | duk tumurun praptanipun | ingkang aran Manikmaya ||
10. sri narendra lumakyaris | pantês nora nana ingwang | ginarêbêg pawongane | upacara lan ampilan | atap saprênahira [saprênahi...]
--- [f. 157v] ---
[...ra] | sakêlangkung de kayungyun | wus mijil kori kapisan ||
88. Mijil
1. arêg kabèh sagunging kang nangkil | samya sah sangking gon | Suranata asarêng urmate | tambur gumêr Kapilih nèng ngarsi | suranata wingking | apatut dinulu ||
2. praptèng wijil ping kalih nampani | tambur salomprèt mor | wus pinarak dhêdhampar sang rajèng | bupati at andhèr ing ngarsi |[116] abungkuh ing siti | ingkang mugèng ngayun ||
3. Pangran Mangkunêgara katrining | Pangran Dipatya Nom | Pangran Ngabèi ika tigane | angandika jêng sri narapati | hèh ya putra mami | wus pêpak wadyèngsun ||
4. Pangran Mangkunêgara wotsari | anuwun sa katong | sampun pêpak abdi dalêm kabèh | wus katingal eyangira kaki | umatur wotsari | pan dèrèng kadulu ||
5. wus kinèn nginggalakên tumuli | gandhèk pêpalayon | wus katingal jêng ratu lampahe | tan kawarna katur sampun prapti | ngalun-alun muni | mariyêm gumêldhug ||
6. drèl gumrudug awor tambur muni | gumrêdêg swara non | kajêng ratu wus têdhak ing mangke | garwa sêlir lumêbêt ing puri | jêng ratu kapanggih | lan aji pinêkul ||
7. sokur ingsun agèr kaki aji | walujêng putrangong [pu...]
--- [f. 158r] ---
[...trangong] | panjênênganira kaki rajèng | sri bupati lawan ibu sori | samya onêng galih | kinanthi kang ibu ||
8. wus lumêbèng dhatêng dalêm puri | gumêrah punang wong | asrang-srangan ningali gustine | parêkan prasamya nglêladèni | pinarak sang aji | lawan kangjêng ratu ||
9. para garwa atap marêk aji | akêpung punang wong | sêlir badhaya ngayap ngisore | areg-regan pawongan ngladèni | tuwin kang nyaosi | dhahare sang prabu ||
10. sampuning dhahar kasukan aji | siyang latri mangko | wadya lit samya eca galihe | atanapi kang para bupati | pangeran nutugi | sukan rintên dalu ||
11. wus alama antawise uni | mêngkana sang katong | sabên Saptu miyos watang rajèng | gancang carita kèh yèn winuni | jêng sri narapati | gêganjar wadya gung ||
12. sri bupati arsa narimani | ingkang wadya kang wong | pinrih samya sukême[117] galihe | Pangran Madiun dèn tarimani | anênggih kang bibi | ratu mênang iku ||
13. Pangran Mangkunêgara Dipati | ngandikan mring katong | miwah para bupati sakèhe | samya pêpak ngandikan mring puri | sadaya wus kerid | asaos malêbu ||
14. sarta pangulu lan para santri | wus pêpak [pêpa...]
--- [f. 158v] ---
[...k] punang wong | ing mandhapa gèn aningkahake | Pangran Madiun kang ngriyini |[118] wus ningkah tumuli | pangran nuli mundur ||
15. Pangran Mangkunêgara guyoni | ing ngriki kemawon | samya linggih gus pangantèn mangke | bupati samya gumujêng bêlik | dawêg ta gumanti | pêngantène iku ||
16. nuli Ki Katawêngan Kadhiri | tinariman mangko | Mas Ayu Sanawati arane | sampun ningkah anulya gumanti | Kartayuda Ngrawi | tinariman ayu ||
17. sampun ningkah anulya gumanti | Sutawijaya Nom | tinariman wus dèn ningkahake | pangran pan sampun tinundhung mijil | pangantèn tut wuri | tinap sinomipun ||
89. Sinom
1. sadaya sampun paragat | kang kari langkung kapengin | anutuh sariranira | kang ngiring pan sampun mulih | ingkang sami akrami | wus prapta i pondhokipun | kunêng tan kawarnaa | sêmana sampun alami | kang kocapa Pangeran Mangkunêgara ||
2. sêmona mêngkak kang manah | pangeran saya ngêtawis | kathah-kathah kang karasa | ajrihe dhatêng narpati | pan sinandhingan bêlis | kang saya kandên[119] jrihipun | dhatêng sri naranata | kang ngrancana tur bupati | langkung sangêt pangeran pangandêlira ||
3. ingkang wadya ingajanan [inga...]
--- [f. 159r] ---
[...janan] | kinèn masang nêpsunèki | aja ajrih rêbat angkah | lawan wadyane sang aji | nanging kang rama uning | kinèn ngawruhi wadya gung | sapratingkah ngalaha | ingundhangan wadya sami | jalma catur yèn kapêthuk wong satunggal ||
4. lan wadya Mangkunêgaran | samya kinèn angalahi | pinapacuh ing jêng sunan | aja na ingkang nyamèni | sêmona anglêrêsi | ing măngsa garêbêg Mulud | pangeran nora seba | igih asangadi sakit | mung gêgaman kinèn mêdali sadaya ||
5. sêmona mèh dadi susah | kenging rêncananing bêlis | bekanipun sakalintang | mèh wiku sri narapati | nulya kangjêng sang aji | ratu agêng kinèn ngimur | dhumatêng ikang wayah | ratu agêng anindaki | sampun prapta sadalu pinituturan ||
6. ingimur-imur kang nala | sakarsane sri bupati | dhinawuhakên sadaya | nora pisan wayah mami | ramanira asêpi | duwea galih kayèku | kaki kuwatirira | mung tisnane anglakungi[120] | pangalême pagaweyanira êmas ||
7. nora nana kang tandhinga | ingsun sira dêlna kaki | ingong durung watak dora | sira udani mas kaki | ing wêwatêkan [wêwa...]
--- [f. 159v] ---
[...têkan] mami | pangeran lêga kalangkung | mirsa pitutur eyang | jêng ratu salaminèki | dèrèng watêk agawe dora wêcana ||
8. pangran matur awotsêkar | eyang kawula puniki | tan angimpi yèn puruna | dhumatêng kajêng kiyai | kang katingal mung ajrih | kawula dhatêng sang prabu | saking pawarti kathah | kang awlas samya anjawil | lamun rama ngarsakkên pêjah kawula ||
9. eyang watir kathah-kathah | botên patos dados galih | anging ta pêjah kawula | kinarsakakên nêrpati | sangêt panuwun mami | sayêktose antuk-antuk | yèn têksih sagêd kesah | amêsthi kula oncati | botên purun kawula pêjaha dhawak ||
10. iya bênêr kaki sira | yèn nyata ingkang pawarti | ingsun ta măngsa puruna | adora sêmbada kaki | ramanira asêpi | nora nana mantranipun | yèn aduwea karsa | ingsun kaki kang nagahi | kajabaa sisip cidranira dhawak ||
11. yèn cidra sing ramanira | iku ingkang sun tangguhi | eman têmên kaki sira | sira srah lan kaki aji | yèn sira rêmbag pikir | nagri ngêndi kang tan gampur[121] | pangeman sun ing sira | mosa[122] si padhaa ugi | sira wayah kaki aji putraningwang ||
--- [f. 160r] ---
12. pangraos ngong padha uga | tisnaningsun ing sirèki | kalawan ta ramanira | ingkang wayah atur bêkti | kula mêngkotên malih | sakêlangkung dening nuwun | tan sêdya pisan-pisan | puruna kangjêng kiyai | sampun lêga mirsa pangandikan eyang ||
13. alah uwis asebaa | wayah ingsun kaki mantri | marang ramanira sunan | jamak wong anom ngandhapi | inggih eyang ing benjing | yèn wontên timbal prabu |[123] sêdhêng kawula saras | alah iya wayah mami | poma-poma ja gugu ujaring corah ||
14. amung ingsun tingalana | kang wayah nuwun tur bêkti | kang eyang pitutur têlas | dipun têngga kalih latri | jinampi ingkang sakit | injing ingkang eyang mundur | wus panggih lan nalendra | tinutur kang warta ênting | lamun putra saèngêt tinirèng durma ||
90. Durma
1. sakêlangkung lêga galih nata mirsa | jêng ratu kang pawrêti | ature kang wayah | sadalu arêrasan | aluwaran sri bupati | jêng ratu jêngkar | kunêng ingkang winarni ||
2. sakathahe abdi dalêm pra dipatya | nèng Kêdhu pacak baris | wus adhêp-adhêpan | Tumênggung Wiradigda | apacak baris nèng Pingit | lan Jagalatan | Mangkudipura uni ||
3. ingkang anèng Grêgês Pangran Diwijaya [Diwi...]
--- [f. 160v] ---
[...jaya] | Radèn Janingrat tuwin | Sutadika lawan | sira Ki Sindujaya | dening barising Kumpêni | apakumpulan | nèng Tigawanu uni ||
4. Mangkuyuda ing Barongkol barisira | Natayuda lan malih | Ki Surajênggala | tan sagêd amajua | dyan wontên utusan prapti | saking Walănda | kinèn maju kang baris ||
5. Mangkuyuda sakancanira têtiga | sanggup mapag mêdani | Kumpêni têngara | wus mangkat kaslisiban | Ki Mangkuyuda wus bali | Kumpêni nulak | ing barisira malih ||
6. injing bubar Mangkuyuda Natayuda | Surajênggala tuwin | Têraji marganya | wanci bêdhug wus prapta | panggonan baris Kumpêni | Tigawanu lan | Mayor Kop wus kapagih ||
7. lajêng nunggil baris kunêng kang kocapa | ingkang kantun Sêmawis | sira Wiradigda | Rajaniti lumampah | mapan binêkta Kumpêni | mêdal Bahrawa | kocap wadya Mêtawis ||
8. kang abaris ing Pingit pan tinarajang | dyan campuh prang kalindhih | mundur wong Mataram | ya ta Kumpêni lantas | ing Tigawanu wus prapti | nulya rêmbagan | amrih lindhunging jurit ||
9. pêparentah Mayor Kop mring pra bupatya | kinèn ngajêngkên baris | dadya cucuking prang | mring dhusun Pagandhulan [Pa...]
--- [f. 161r] ---
[...gandhulan] | ya ta sagung pra dipati | budhal sawadya | Pagandhulan wus prapti ||
10. kang ngayumi ing Kêdhu Ki Natayuda | antawis tigang latri | gêpah tur uninga | mring mayor inggal prapta | yèn wontên mêngsah gêng prapti | pun Jayadirja | Mangkuwijaya tuwin ||
11. lan kang rayi Rahadèn Mangkudiwirya | samya nèng Margawati | yèn ta botên tuwan | inggal dipun gitika | kula botên sagêd ngambil | ingon Wêlănda | wus têlas mayor angling ||
12. Mangkuyuda sakancane tinagênah | anglarag mring Taraji | agitik kang mêngsah | kang anèng Margawatya | wus mangkat ingkang kawarni | Ki Wiradigda | Isting Mèlèr tinuding ||
13. anglaraga mêdal wetan dèn prayitna | mungsuh gitikên silib | milihana wadya | Kumpêni ingka padha | tate prawira ing jurit | anulya budhal | kunêng ingkang winarni ||
14. Mangkuyuda kèndêl sawab tan amêngsah | wau ingkang kawarti | ganti kawara |[124] wadya ing Mataram |[125] Garêgês wau kang baris | Ki Jayadirja | lawan rahadèn kalih ||
15. kang anama Rahadèn Mangkuwijaya | Dèn Mangkudiwiryèki | wus mangkat sawadya | de Pangran Diwijaya | sawadya apacak baris | Garêgês lawan | Jayaningrat Dipati ||
16. Mangkuyuda pan sampun amirsa warta | sakancane bupati | yèn dhusun Parakan |
--- [f. 161v] ---
sampun kagenan mêngsah | egal sami amurugi | dhatêng Parakan | sagung mêngsah kaèksi ||
17. anging kalêtan jurang lêbêt satunggal | wangwang-winangwang sami | ya ta Mangkuyuda | tan purun nyêlakana | sarêng andukap salatri | Ki Mangkuyuda | mundur mring pondhok uni ||
18. Wiradigda Isting Mèlèr kawarnaa | mêdal ing Pakiswiring | tan antara lawan | Jayadirja kapapag | Jurangjro wastani bumi | suwung lir wona | dadya panggenan jurit ||
19. kaclakuthak dadya prang samya prawira | wadya lit tan tinolih | dèrèng kongsi tata | kuwur dening drèl munya | lir glap swarane amlingi | Ki Wiradigda | nèng wurining Kumpêni ||
20. Jayadirja lan Radèn Mangkuwijaya | Mangkudiwirya tuwin | sawêg nata wadya | mêngsah saya gêng prapta | pangêdrèle wanti-wanti | sing kering kanan | wus takdiring Ywang Widi ||
21. Radèn Mangkuwijaya anandhang brana | sampun sah sangking wajik | Jadirja was mulat | radyan arsa rinêbat | angamuk anyipta pati | Kumpêni tadhah | ngêdrèl awanti-wanti ||
22. anèng desa ing Têpus dening Rahadyan | Mangkuwijaya uni | tuhu trah kusuma | tan mingsêr ing ayuda | madyaning rana ngêmasi | pan kinêmbulan | dening wadya Kumpêni ||
--- [f. 162r] ---
23. abdi dalêm kang kantun mundur sadaya | Bandhongan pacak baris | Èsting[126] Mèlèr nulak | lawan Ki Wiradigda | dhatêng Tigawanu malih | mayor parentah | Mangkuyuda tinuding ||
24. lawan Natayuda karya pamondhokan | mangkat mring Madana glis | barisan wus dadya | mayor dhatêng Madana | wus tata ganti |[127] wadya Mêtaram | rêmbagan atur tulis ||
25. minta duta asowan dhatêng narendra | sampun kawrat ing tulis | saliring prakara | duta mangkat kocapa | sri nata nèng Ponaragi | anggung kasukan | lawan putra gumilir ||
1 | cêlak. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: ing pagêlaran wus prapti. (kembali) |
3 | Bantên. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: dhumatêng wong Menak Amir. (kembali) |
5 | dimèn (dan di tempat lain). (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: têksih wibawa sang katong. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: ya ing Bantên tunggal lan Matawis. (kembali) |
8 | sun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
9 | miskin. (kembali) |
10 | ngadêg. (kembali) |
11 | maring. (kembali) |
12 | kapanggih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
13 | pan. (kembali) |
14 | iki. (kembali) |
15 | sultan. (kembali) |
16 | andungkap (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | lorodi. (kembali) |
18 | sarwi. (kembali) |
19 | sumăngga. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: yèn paman rêmbug sadaya. (kembali) |
21 | Kurang satu suku kata: susunan malih ngêndika. (kembali) |
22 | Panaraga (dan di tempat lain). (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: sun turut bupati kabèh sun tari. (kembali) |
24 | sinanggèng (dan di tempat lain). (kembali) |
25 | Lebih satu suku kata: napa yaktos awrat sinanggèng jurit. (kembali) |
26 | alah. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: gêgancangan tan winarna kang winuwus. (kembali) |
28 | sêmana (dan di tempat lain). (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: napa kadugi inggih ing galihipun. (kembali) |
30 | ajêrih. (kembali) |
31 | êrah. (kembali) |
32 | sêmona. (kembali) |
33 | Tanggal: Sênèn salawe (25) Bêsar Êdal (Dal): [AJ 1679]. Tanggal Masehi: Sabtu 12 Oktober 1754. Seharusnya hari Sabtu, bukan hari Sênèn. (kembali) |
34 | Biasanya guru lagu i: ngarsi. (kembali) |
35 | ngarêp. (kembali) |
36 | arum. (kembali) |
37 | mêlingi. (kembali) |
38 | wingking (dan di tempat lain). (kembali) |
39 | cêmêng. (kembali) |
40 | niwasi. (kembali) |
41 | Tanggal: Rêbo pisan (1) Sura Be: [AJ 1680]. Tanggal Masehi: Jumat 18 Oktober 1754. Seharusnya hari Jumat, bukan hari Rêbo. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: dèn prayitna kanan kalawan kèri. (kembali) |
43 | wus (dan di tempat lain). (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata: kasênên rawi amurub. (kembali) |
45 | Saragêni. (kembali) |
46 | Kurang dua suku kata: banderane gulakalapa nèng ngayun. (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata: awênês dinulu asri. (kembali) |
48 | Lebih satu suku kata: rasukane sangkêlat ijêm ngrawit. (kembali) |
49 | jalada. (kembali) |
50 | nitih. (kembali) |
51 | Tanggal: gapura sapta kawayang jalmi (AJ 1679). Tahun AJ 1679 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Oktober 1753 sampai dengan 17 Oktober 1754. (kembali) |
52 | Kurang satu suku kata: nging sadalu injinge lumaris. (kembali) |
53 | boyongi (dan di tempat lain). (kembali) |
54 | Lebih satu suku kata: nèng Danaraja sabin. (kembali) |
55 | Lebih satu suku kata: arsa manjing kitha wus tata kang wadya. (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: kapriye uwa. (kembali) |
57 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
58 | Barangkal. (kembali) |
59 | winilis. (kembali) |
60 | lingsir. (kembali) |
61 | bingung. (kembali) |
62 | bêstan. (kembali) |
63 | anakkên (dan di tempat lain). (kembali) |
64 | Kurang satu suku kata: mula wani sang aprabu. (kembali) |
65 | nimbali. (kembali) |
66 | aturna. (kembali) |
67 | lêlampahan. (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: lêlampahan sadintên saking ing ngriki. (kembali) |
69 | Kurang satu suku kata: dasih prabu anak kula abdi aji. (kembali) |
70 | asuka. (kembali) |
71 | benjang. (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: salendrone sarakitnèki. (kembali) |
73 | Kurang satu suku kata: manawa na iku. (kembali) |
74 | nindaki. (kembali) |
75 | Biasanya guru lagu a: pêpak. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu e: injing muni têngarane. (kembali) |
77 | Teks asli: gatra ini ditulis dua kali. (kembali) |
78 | Kurang satu suku kata: lir sarah sangking kathahe. (kembali) |
79 | mati. (kembali) |
80 | kodhok. (kembali) |
81 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: kula ngaturi uninga. (kembali) |
83 | Kurang satu suku kata: Mangkunêgaran tan kantun. (kembali) |
84 | sêdhêngira. (kembali) |
85 | pêpak. (kembali) |
86 | Kurang dua suku kata: gutuk kidul lawan êlèr. (kembali) |
87 | Kurang satu suku kata: ingkang wontên ing Trêsana. (kembali) |
88 | Mayor Hop (dan di tempat lain). (kembali) |
89 | Jadirja. (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata: angrêmbagi Ki Jadirja. (kembali) |
91 | Lebih satu suku kata: apacêka Manggora tuwin adhi. (kembali) |
92 | Barangkal. (kembali) |
93 | Kurang satu suku kata: alah iya sira kona animbali. (kembali) |
94 | takèn-tinakenan. (kembali) |
95 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: ing karsa nalendra. (kembali) |
96 | matur. (kembali) |
97 | nglanggatana. (kembali) |
98 | kaki. (kembali) |
99 | prayitnèng (dan di tempat lain). (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: ngandika jêng susunan. (kembali) |
101 | Kurang empat suku kata. (kembali) |
102 | goroh. (kembali) |
103 | Kurang satu suku kata: yèn tan jinunjung Kumpêni. (kembali) |
104 | anyidrani. (kembali) |
105 | laku. (kembali) |
106 | dening (dan di tempat lain). (kembali) |
107 | mungguh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
108 | dhawak. (kembali) |
109 | Kurang dua suku kata: suka tan suka sun jaluk. (kembali) |
110 | Kurang satu suku kata: gandhèk sampun dèn timbali. (kembali) |
111 | Kurang satu suku kata: gandhèk mintar amijil. (kembali) |
112 | Kurang satu suku kata: Senapati Ing Ngalaga. (kembali) |
113 | wus. (kembali) |
114 | atap (dan di tempat lain). (kembali) |
115 | Kurang satu suku kata: atap andhèr ing ngayunan. (kembali) |
116 | Kurang satu suku kata: bupati atap andhèr ing ngarsi. (kembali) |
117 | sungkême (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
118 | Kurang satu suku kata: Pangran Madiun kang angriyini. (kembali) |
119 | kandêl. (kembali) |
120 | anglangkungi (dan di tempat lain). (kembali) |
121 | gêmpur. (kembali) |
122 | măngsa. (kembali) |
123 | Kurang satu suku kata: yèn wontên timbalan prabu. (kembali) |
124 | Kurang satu suku kata: ganti kawarnaa. (kembali) |
125 | Kurang satu suku kata: pan wadya ing Mataram. (kembali) |
126 | Isting (dan di tempat lain). (kembali) |
127 | Kurang tiga suku kata: wus tata-tata aganti. (kembali) |