Babad Sultanan, British Library (Add MS 12288), 1809–16, #1017 (Pupuh 091–110)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 162r lanjutan] ---
91. Dhandhanggula
1. duta prapta sowan pangran aglis | umatur gusti ămba dinuta | de rama jêngandika gèr | Pangran Diwijayèku | lan pun paman Janingrat wêling | salam taklim katura | myang bupati agung | katur bêktinipun samya | lawan surat ingkang kunjuk sri bupati | sumăngga ing sampeyan ||
2. katur sadaya lampahirèki | sangêt ngungun pangeran miyarsa | pangran anukmèng driyane | durung mukti riningsun | apuwara nêmahi lalis | adhuh nora kayaa | pangeran wus ngutus | nimbali sakèh bupatya | sampun prapta winartan sakèh bupati [bu...]
--- [f. 162v] ---
[...pati] | samya ngungun sadaya ||
3. langkung marma tan nyana nêmahi | gustiningwang sadaya mêngkana | pangeran alon delinge | sakèh para tumênggung | sanak-sanak ingong bupati | nêdha sami asowan | andhèrèk turipun | lumaris prapta byantara | tur uninga yèn kang putra saos jawi | miwah para bupatya ||
4. tinimbalan prapta ngarsa aji | Waduaji tumungkul mangrêpa | jêng sunan pangandikane | ki dipati putrèngsun | apa ana karyanirèki | Pangran Mangkunêgara | pranata umatur | sowan kawula narendra | tur uninga kadhatêngan surat saking | paman Adiwijaya ||
5. lawan bêktinipun rayi aji | paman Adipati Jayaningrat | myang bupati sakathahe | surat katur pinundhut | glis binuka sinukmèng galih | sadaya katupiksan | surat raosipun | mêngkana ingkang sasmita | ikang surat saha ingkang salam taklim | pun kakang Diwijaya ||
6. lawan bêktinipun abdi aji | pra bupati kang kanan sadaya | katura pêjah gêsange | dhatêng Kangjêng Sinuhun | Sunan Pakubuwana Adi | Senapati Ngalaga | Durrahman jêjuluk | Sayidin Panatagama | nuswa jawang[1] wiyosipun Waduaji | sami tiwas ing karya ||
--- [f. 163r] ---
7. kawula aprang mangke kalindhih | dening Kumpêni sangking Sêmarang | myang putra nata tiwase | Mangkuwijaya lampus | anèng rana rinêbat dening | pun Jadirja palastra | di dalêm kang kantun | sadaya wontên Bandhongan | mangke mêngsah ing Madana pacak baris | sumăngga karsa nata ||
8. surat putus nata tan kêna ngling | tigang pandurat tan angandika | ngunadika[2] wardayane | dhuh kaki putraningsun | durung mukti puwara lalis | miwah Si Jayadirja | bangêt cuwaningsun | baya durung pasthiningwang | duwe kanthi ing mêngko nêmahi lalis | wus karsaning Ywang Sukma ||
9. jêng sunan dangu tingkahing jurit | sampun katur purwa ing wasana | kalangkung ngungun sang rajèng | wiku raja ing kalbu | nora kaya si lanat kapir | luwih mêdayèng ujar | ngenaki ing laku | dènira nglakokkên duta | adhi Wijil sunan ngandika ki mantri | Mangkunêgara lawan ||
10. para bupati kabèh sun tari | pikirira pangran awotsêkar | kula nuwun karsa rajèng | angandika sang prabu | karsaningsun ki adipati | amalês lara wirang | yèn linilan ingsun | dening Ywang Kang Maha Mulya | sabudi-budi sok pakolèha kaki | aprakara ing lampah ||
11. apa wangsul tuwin amasisir [amasi...]
--- [f. 163v] ---
[...sir] | Pangran Mangkunêgara wotsêkar | sumăngga karsa sang rajèng | miwah para tumênggung | ture sami sumăngga ngaji | ămba darmi lumampah | ngandika sang prabu | yèn arêmbag lawan sira | myang bupatya karsaningsun amasisir | yèn mulihèng Mataram ||
12. kêdhik pakolèhnya ngrusak jalmi | batur dhawak lan apêrang dhadha | tanpa guna pêngrasa ngong | mêngkene kêrsanisun | dêdimène mungsuh tut wuri | mring wadyèngsun kang kalah | dadya doh kang mungsuh | suwea gèn tulung rowang | yèn linilan sêdhêng rusak wong pasisir | lamun sira arêmbag ||
13. nunggal pikir lawan ingsun kaki | sok uga ja pradongdi ing manah | kaya bênêr karsaningong | iku panjaluk ingsun | marang sira yèn galong pikir | êndi kang pinarakan | pasthi lamun lêbur | yèn sira kaki tan rêmbag | lawan ingsun ènthèng sinăngga ing jurit | barang karya tan kangkat ||
14. Pangran Mangkunêgara wotsari | sêdya punapa ămba tan măntra | ya lagi pênjaluk ingong | inggih lêrês sang prabu | pan kawula anyuwawèni | sadaya samya rêmbag | ing karsa sang prabu | iku wus rêmbag sadaya | kari mikir bêbêcike laku iki | apa dadi satunggal ||
15. atanapi
--- [f. 164r] ---
yèn dadia kalih | pisah marga pangran awotsêkar | dados satunggil asae | sadaya samya rêmbug | anging abdi dalêm satunggil | Janapura tan rêmbag | padudon adangu | angandika sri narendra | yèn mêngkono sira pikira ing jawi | ingsun nurut kewala ||
16. wêkasaning pikir iku kaki | ingsun anurut ing kêrsanira | tunggal kalawan pisahe | mila kinèn arêmbug | jêng susunan mapan wus uning | panêngêran wasita | ana ikang dudu | bupati ana kang cidra | nanging pinrêm wardaya sri narapati | sagunaning kawula ||
17. nora angluwihi sangking gusti | panyanane jêng sunan tan wikan | tur ta wus luwih gustine | samya tinundhung mêtu | atur sêmbah prasamya mijil | sri narindra luwaran | pangeran winuwus | angumlakên[3] kang wadya |[4] wong Pamijèn tanapi Kudanawarsi | pangeran angandika ||
18. bocah ingsun wong Pamijèn sami | miwah Kudanawarsa |[5] prakara ing laku kiye | kiyai karsanipun | dadi siji ngong lan kiyai | anging Si Janapura | abangêt tan rêmbug | ature bangêt maringwang | nèng ngarêpan malah apradongdi pikir | bupati milu ringwang ||
19. kaya
--- [f. 164v] ---
karsa ji dadi sawiji | anging Janapura kang tan rêmbag | pan ora kaduga ingong | matur mijèn sadarum | samya rêmbag dados satunggil | yèn sun kaya turira | yèn pisah ing laku | akèh lire kang sapisan | ngong katona ala bêcik ngong ing aji | bêktia tan bêktia ||
20. pan katingal mring kangjêng kiyai | lawan êndi kang sêdya kaambah | abot sinăngga jurite | yèn pisah dugèningsun | doh ing paran pradongdi pikir | lêrês saking sampeyan | pamijèn sadarum | ature samya arêmbag | nging kapalang Janapura tan ngrêmbagi | angandika pangeran ||
21. dhatêng mijèn bêcik dèn timbali | Janapura tinimbalan prapta | pangeran pangandikane | hèh Janapura turmu | luwih bangêt marang ing kami | apa pakolèhira | kawula anuwun | satrekah-trekah sampeyan | sae pisah kalayan sri narapati | yèn sampeyan nunggila ||
22. lan rama jêngandika ing benjing | kula amêthèk yèn katiwasan | sarira sampeyan anggèr | sunan pêputra jalu | kadar rajandika gusti |[6] tindakipun mangetan | tan lămba karsèku | botên kang dèn kalang-kalang | gih sampeyan kang karsa dipun akali | wêkasan binjang kêna ||
23. rama dika mangetan puniki | punapa [puna...]
--- [f. 165r] ---
[...pa] ta padamêlanira | yèn ta amriha arjane | nagri wetan puniku | mapan sampun pêpak nèng ngriki | sakèh măncanêgara | wus kumpul sadarum | lamun karsa narungana | pun upênur botên susah amurugi | pasthi dhatêng piyambak ||
24. pun gupênur mêngkatên ta gusti | tinarungana ngriki kewala | punapa ta botên sae | pan măncanagara gung | pêpak samya wontên ing ngriki | karsane rama dika | kawula wus wêruh | kèwêdan ing galihira | dènnya ngarah sampeyan botên kadugi | mila kadya mêngkana ||
25. dipun ènthèngakên wong Kumpêni | lan sampeyan punika tur kula | samirsa kula anggèr |[7] iku tan kadugèngsun | aturira marang ing kami | lah ta sira pikira | pamijèn sadarum | ature Si Janapura | tan sun gugu bangêt trêsnane ing kami | sun gugu priye uga ||
26. pamijèn sadaya atur bêkti | nuwun gusti sagalakan macan | botên abadhog anake | Ki Danawarsa muwus | inggih lêrês ature sami | yèn sawawi lan karsa | dinadoskên iku | ing krêsane sri nalendra | wong pamijèn rêmbagipun mapan sami | kadi Kudanawarsa ||
27. aturipun Janapura gusti [gu...]
--- [f. 165v] ---
[...sti] | kawula anggèr botên kaduga | tan sagêd nglampahi kabèh | ya ngong kaya sirèku | wong pamijèn ature sami | botên Ki Janapura | mênênga sadarum | aja bodhokakên ingwang | kang wus uning karsanipun sri bupati | mirsa ing pêpungkuran ||
92. Pangkur
1. turipun Ki Janapura | lah suwawi dinadoskên kang malih | pangran wus kêna ing kalbu | karêncana ing setan | kêna kêmat manahipun sampun katut | baya wus karsaning Sukma | panjang lampahan nêgari ||
2. sunan nora măntra-măntra | Janapura ngakal juti nglandhêpi | langkung ewuh atiningsun | Pamijèn unjukira | yèn sampeyan nunggil lawan sang aprabu | gih padamêlan sampeyan | katingalan ing sang aji ||
3. yèn kuwatir unjukira | Janapura suwawi nekad gusti | yèn kinaniaya prabu | abdi pêjah sadaya | sok ugi gusti têmên-têmêna prabu | ya êru Ki Janapura | mung sira tisna pribadi ||
4. nora nana munjuk lana | sira tangguh ingong yèn tiwas gusti | apan ora milu lampus | turira sok têmêna | yèn wus tiwas kadipundi polahipun | asangêt pangemaningwang | yèn tiwas pêsthi sun mati ||
5. ajur luluh wang tut wuntat | yèn tan ana
--- [f. 166r] ---
jênêngira jêng gusti | dadi apa awak ingsun | kathah-kathah sêtyanya | pangran angling lah wis mênênga karsa sun | bêcike măncanêgara | padha tinimbalan sami ||
6. kang kinèn nimbali mintar | sampun prapta pêpak măncanêgari | pangeran ngandika arum | paserenan wasita | Pangran Madiun uwa prèhe sun tantun | andika paro sadaya | sakathah măncanêgari ||
7. kang tumut kula kalawan | ingkang dhèrèk dhatêng kangjêng kiyai | Pangran Madiun turipun | botên sagêd pun uwa | amiliha langkung karsa gusti andum | pramila kadya punika | sakarsa sampeyan gusti ||
8. tinurut rama andika | igih sampun uwa sami kadugi | ngandika pangeran asru | sanak măncanêgara | sarupane sampun mulih karsaningsun | dawêg sami babêdhayan | lan manira duwe malih ||
9. talèdhèk anyar apelag | adan muni pradăngga angrêrangin | badhayanipun wus kumpul | kang sêsindhèn wus munya | adan lêkas babêdhayan sakalangkung | asuka kangjêng pangeran | tanapi para bupati ||
10. wus tutug mundur bêdhaya | kinèn maju têlèdhèk langkung asri | asuka kalangkung-langkung | eram sakèh tumingal | duk satêngah kasukan kanggêk andulu | wontên timbalan narendra | sirêp kang kasukan [kasu...]
--- [f. 166v] ---
[...kan] sami ||
11. gandhèk dhawuhkên timbalan | pangran adipati timbalan aji | manira kinèn amundhut | talèdhèk kalih ika | kang aran Rantansari Pulangsariku | pangran ature sumăngga | nging rêngu sajroning galih ||
12. têlèdhèk sampun binêkta | pangran angling bocah Pamijèn sami | iya bênêr aturipun | Si Janapura mring wang | gone ngeman ing kami pangeran kondur | angrukêb ing pasarean | kang garwa sarêng ningali ||
13. samya karuna sadaya | Kangjêng Ratu Bêndara muwun uni | tur kula kangmas anuwun | sampeyan angandika | punapa kula sowan kiyai prabu | punapa tusan kewala | inggih anggèr botên uning ||
14. ingong tan sagêd ngawula | ingkang garwa sangêt udrasanèki | nuntên nimbali banipun | aran Sêcadirana | nini mintara mring bok-êmbok sadarum | konên matur dipun inggal | iya mring kangjêng kiyai ||
15. tlèdhèk roro dèn suwuna | kang pinundhut marang kangjêng kiyai | idhêp-idhêp wlasa mring sun | nyai ban manjing pura | wus kapanggih lan para garwa ban matur | sawêling-wêling gustinya | prayayi sadaya ajrih ||
16. bok êmban kinèn wangsula | sampun mantuk tinata aturnèki | yèn kang ibu
--- [f. 167r] ---
jrih sadarum | Ratu Bêndara ngucap | ya wis ja baribin ngong dhewe malêbu | nulya Jêng Ratu Bêndara | lumêbu wus praptèng puri ||
17. umarêk dhatêng kang rama | datan kantos munjuk uning narpati | katêdhakakên ta sampun | tan kantos angandika | nuwun amit Ratu Bêndara wus kondur | kang rama kalangkung wêlas | ningali putra pawèstri ||
18. Ratu Bêndara wus prapta | pamondhokan ingaturkên tumuli | dhatêng kang raka pan sampun | nanging kangjêng pangeran | dèrèng lipur taksih rêngu galihipun | anuntên kangjêng pangeran | angumpulakên kang abdi ||
19. arsa asowan kang rama | sampun pêpak sadaya ingkang abdi | pamijèn samya ngalumpuk | angandika pangeran | bocah mayo[8] padha sowan ing sang prabu | ingong arsa nuwun rêmbag | matêngkên mijiling pikir ||
93. Mijil
1. anulya samya dangdan kang abdi | wus sowan mring katong | pangran rawuh paseban lampahe | wêling atur wus kinèn nimbali | wus rawuh ing ngarsi | pangeran wotsantun ||
2. kawula nuwun karsa sang aji | karsa dalêm mangko | sampun kapikir wadya rêmbage | eca malih pamrih kula sami | amêndhêt pakolih | tur kawula prabu ||
3. pundi kang ènthèng sagêd [sagê...]
--- [f. 167v] ---
[...d] nulungi | dhumatêng kang abot | yèn lampah dados satunggil mangke | tiwasipun datan sagêd pulih | ngandika sang aji | apa ta karêpmu ||
4. măngsa bodhoa putra ngong kaki | ya anurut ingong | pangran matur malih mring sang rajèng | nuwun prakawis măncanêgari | sumăngga narpati | ngandika sang prabu ||
5. ya paronên wong măncanêgari | saparo punang wong | milua sira de saparone | andhèrèka lampah ingsun kaki | sunan yèn sawawi | kang wetan sadarum ||
6. andhèrèka jêng sri narapati | kilèn tumut ingong | bilih marêngi ing karsa rajèng | iya karsanira kaki mantri | inggih Ponaragi | Kamagêtan iku ||
7. Kaduwang laywan ing Saosragi | ingkang tumut ingong | sadaya samya dhèrèka rajèng | iya rêmbug ingsun kaki mantri | mangkata tumuli | pan wus dadi rêmbug ||
8. gênti laku ingsun kaki wuri | angantèni pondhok | wong Madiun sira kona age | dhingin dangdan pasanggrahan mami | lan wasisan kaki | eyangira ratu ||
9. myang kang repot iya sun ko[9] mulih | ja ngrubêdi ingong | ka putra nuwun tur sêmbah ngrajèng | nulya pangeran tinundhung mijil | wotsêkar wus mulih | budhal enjingipun ||
10. sawadyanya jêng ratu barêngi | gumêrah punang wong | wong Madiun wus budhal lampahe [lampa...]
--- [f. 168r] ---
[...he] | kinèn dangdan pasanggrahan aji | tan kawarna margi | pangeran winuwus ||
11. masanggrahan ing Dêmung prasami | enjing winiraos | kangjêng ratu wus budhal lampahe | pangran kèndêl Dêmung tan lumaris | sal satêngah sasi | ngantosi sang prabu ||
12. lan[10] angsala abênggang sadhidhik | kalawan sang katong | kangjêng susunan kocapa mangke | angumpulkên wadyabala aji | pêpak kang bupati | myang lurah sadarum ||
13. ngandika sunan dhatêng kang abdi | hèh sakyèh wadya ngong | adangdana sawong ingsun kabèh | iya ingsun tindak benjing enjing | sakathah bupati | tur sêmbah anuwun ||
14. miwah lurah tur sandika bêkti | anuwun sang katong | jêng susunan nimbali abdine | gandhèk wus maju ngarsa sang aji | hèh gandhèk sun tuding | marang putraningsun ||
15. paringa idhêp ing putra mami | karsa tindak ingong | besuk esuk gandhèk nuwun ture | pranata gandhèk kintar tumuli | tan kawarna margi | gandhèk prapta Dêmung ||
16. wus kadhawuhkên timbalan aji | sawêling sang katong | inggih pangran anuwun ature | gandhèk wus wangsul sowan sang aji | katur lampahnèki | luwaran sa prabu ||
17. di dalêm sadaya bubar mulih | gumêrah punang wong | pan sadalu pradangdanan rame | abusêkan kawarna enjing |[11] wus samêkta [sa...]
--- [f. 168v] ---
[...mêkta] sami | têngara gumuruh ||
18. sikêp gêgaman samya miranti | wadyabala katong | miwah ingkang saos tundhan rame | sakathahe wong măncanêgari | tundhan amiranti | kumpul ngalun-alun ||
19. gêgamane mêlatar abaris | sumaos ing katong | kawarnaa jêng sunan ing mangke | lagya mundhut pradangdanan aji | myang ing dalêm puri | pawongan gumuruh ||
20. angagêm prajuritan sang aji | asung brăngta lamong | wong dalêm pradangdanan arame | para arum sampun saos sami | bêdhaya lan sêlir | boyongan wus kumpul ||
21. sunan miyos lênggah păncaniti | nata lampahnya wong | têngara tinabuh sarêng rame | bubar baris wong măncanêgari | lir ilining warih | lumampah ing ngayun ||
22. sagolonganipun sa bupati | jêng sunan arsa non | gaman măncara[12] untabe |[13] lir wardu ăngga untabing wajik | asuka sang aji | wus têlas sadarum ||
23. anyambungi di dalêm Saragni | kang kèri punang wong | Jagabaya mayungi wurine | Saragni kanan tumutur wuri | ingkang amayungi | Namèngyuda pukur ||
24. asambung wuri di dalêm Bugis | waos kang saparo | Bugis kanan lumampah wurine | anging ambêkta tumbak sapalih | wong Singanêgari | awor [a...]
--- [f. 169r] ---
[...wor] Matalulut[14] ||
25. wurinira sakèh wong pamiji | ing wurine mangko | wong Kapilih ngampil ngarsa rajèng | adan bubar Sinuwun Mêtawis | ginarêbêg ngèstri | Suranata pungkur ||
26. Pangran Ngabèi wuri mêkasi | Pangran Dipatya Nom | bupati kadya lami lampahe | têksih mangawat ing kanan kèri | tatanya tan kêni | cinidra ing kewuh ||
27. sunan munggèng rêngganing turanggi | ulês dhawuk kaot | anglangkungi megatara rane | kagiri-giri gêngnya nglangkungi | tutunan kêkalih | Ki Modang ranipun ||
28. kalih aran Kyai Sêngkali |[15] samya kuda kaot | kagungan dalêm kang kathah make | tinitihan sagung para yayi | wus lêpas ing ngarsi | pangeran winuwus ||
29. pan kasêsa lagya nata jalmi | pangajênge mangko | Jagaraga Magêtan wurine | anuntên wadya ing Ponaragi | Kya Kudanawarsi | nyambungi ing pungkur ||
30. Pangran Arya Pakuningrat wingking | sawadyane mangko | tumutur Saragni ing wurine | waosira ingkang amayungi | tumutur Saragni | irêng wurinipun ||
31. sawaosira ingkang mayungi | ing wurine mangko | Saragêni polèng sabugise | Saragni ijo tumbak mayungi | anuli wong mantri |
--- [f. 169v] ---
kawan dasa pungkur ||
32. wadya ngampil kawan dasa malih | dyan pangeran mangko | ginarêbêg ing para garwane | ing wurinira mantri pamiji | wus nyabrang ka baris | ing Bêngawan Dêmung ||
33. ngalèr ngilèn lampahe jajari | lawan tindak katong | anging ta lêt bêngawan lampahe | sakêlangkung dening rêbat luwih | sêmunya alungid | ingabên brăngta gung ||
94. Asmaradana
1. adu sêmu adol liri[16] | wadya ing Mangkunêgaran | pinasang-pasang tingale | sampun têbih dènnya pisah | sinuwun ngalèr ngetan | pangran ngalèr ngilèn niku | Madiun nata wus prapta ||
2. jujug pêsanggrahan lami | wong Madiun mêthuk samya | jêng sunan manjing pakuwon | tata pondhok kang winarna | Pangran Mangkunêgara | sampun prapta lampahipun | Waringin Kuncung araryan ||
3. anging amondhok sawêngi | enjingipun nulya bubar | ing Gêrèh pasanggrahane | jêng susunan ora bubar | ngantos pikir satunggal | Ki Bêsari aranipun | lan mundhut mantri nèmira ||
4. sakathah măncanêgari | sunan tansah gung kasukan | badhayan angabên prang wong | marang toya ngambil ulam | anêlas kalangênan | ingkang dados galih prabu | agami kalawan salat ||
5. Pangeran Mangkunêgari | injingipun wus budhalan | wus prapta pangran [pangra...]
--- [f. 170r] ---
[...n] lampahe | mondhok kitha Jagaraga | enjinge nulya tindak | mondhok Murong budhal esuk | ing Bugêl amasanggrahan ||
6. enjing budhal sampun prapti | amondhok ing Pajambean | enjing budhal jêpat ngilèn | ing Kaledhung masanggrahan | sawêngi injing bubare |[17] Majalasan pondhokipun | kang kocap kangjêng susunan ||
7. Ki Bêsari sampun prapti | arsa tindak jêng susunan | têngara muni enjinge | sampun kumpul wadyabala | sumaos nulya budhal | măncanêgara nèng ngayun | sampun budhal sri nalendra ||
8. sumahab kang wadya aji | nagri Madiun kawuntat | jalèstri[18] langkung kathahe | ing Caruban sampun prapta | pangeran kang winarna | sangking Majalasan maju | ing Kuwu amasanggrahan ||
9. sunan bubar sing Carubin | prapta satêngahing wona | ing Dhukuh pasanggrahane | pangran budhal sampun prapta | nêgari Garobogan | Kamartapura kapangguh | jêng sunan jingipun budhal ||
10. ing Jroan dèn pasanggrahi | enjingipun sampun budhal | wus prapta Barêbêg rajèng | enjingipun sampun tindak | ing Ngêblêg pasanggrahan | wadya Kalangbrèt amêthuk | awasta Trunawijaya ||
11. wadya tata pondhoknèki | kangjêng susunan tan budhal | anêlasakên rêmbuge | nimbali Wiranêgara | sunan anêdhèng [anê...]
--- [f. 170v] ---
[...dhèng] Sukma | pan asalat limang wêktu | marêkakên wong agama ||
12. titi kramaning nêgari | anutugi kang kasukan | yèn Sêptu miyos watange | lan amuruk wadyabala | bêksa lawung tayungan | angumpulakên wong Wangsul | dawêg angsal walung dasa ||
13. ginawe wadya prajurit | winastan wong Brajayuda | dening wadya têtindhihe | Maniklungid aranira | kang sawiji anama | wau pun Kudapamutung | nora pêgat wontên prapta ||
14. sangking wetan lan Kadhiri | dadya satus kawan dasa | nulya wontên prapta malèh | aran Radèn Jayaastra | sumawitèng narendra | ginawe lêlurah wau | dadya têtindhih têtiga ||
15. kajawi wadya Kapilih | pan ora aganti lama | Wiranêgara praptane | sowan dhumatêng sang nata | bêkta sagêgamannya | kadang waraga tan kantun | kang aran Ki Mangkuyuda ||
16. Ki Surayuda kang nami | katiga Tirtanêgara | dêdêge gul anung mangke | anglangkungi jalma kathah | warna dadya tontonan | umure nêmbêlas taun | yèn dinulu lir gupala ||
17. samya nung sabăngsanèki | warnane kadya rasêksa | tanapi bupati mangke | kang ngili tiga kang wasta | wau Ki Warasraya | sowan anak rayatipun | Ki Cabolang aranira ||
18. ingkang gêntèni [gêntè...]
--- [f. 171r] ---
[...ni] bupati | nêgari ing Surapringga | Ki Sumayuda nagrine | anênggih ing Wirasaba | kang têngga nagri Japan | wus katur dhatêng sang prabu | yèn Wiranêgara seba ||
19. lawan sanakira katri | nagrinira ing Pamalang | kalangkung suka sang rajèng | arsa miyos sri narendra | ngagêm kaprajuritan | parang rusak nyampingipun | lancingan pinanji raras ||
20. paningsête cindhe wilis | mawi angagêm curigan | kaprabon pasaja bae | sadaya amawi sipta | sêmu tingkah polahnya | sarya barkatan rinasuk | songkok rinenda ing êmas ||
21. ting karênyêp intên adi | panugule[19] sawatara | mancur nayakaning rajèng | kasênênan ing raditya | kuwung-kuwung ujwala | surêm raditya awêlu | kang mulat mijil kasmaran ||
95. Mijil
1. wus siyaga jêng sri narapati | gănda marbuk awor | sawatara pêsaja sêmune | pariwara sampun kinèn mijil | wadyèngsun kang nangkil | sukmanên sadarum ||
2. adan pariwara sampun mijil | atambuh dènnya non | nora kaya kinèngkèn nisthane[20] | wus kuningan pênuh kang anangkil | dan pariwara glis | anulya malêbu ||
3. wus katur pêpak wadya ji nangkil | dyan tindak sang katong | upacara tap ing ngarsa rajèng | kang anămpa padha ayu luwih | samya [sa...]
--- [f. 171v] ---
[...mya] nandhang samir | sutra jênar patut ||
4. sri narendra wus prapta ing wijil | arêg[21] wadya anon | samya tata ing panangkilane | prajurit gêgamannya miranti | tan kêna ingukih | luwih tatanipun ||
5. wus pinarak munggèng kathil rukmi | atarap punang wong | munggèng ngarsa upacara kabèh | ingiringan ampilan miranti | sung sipta sang aji | gandhèk sampun maju ||
6. angandika jêng sri narapati | timbalana kang wong | sira Wiranêgara dipun age |[22] tuwin sasanake aja kari | myang gêgamannèki | sun arsa andulu ||
7. ngalun-alun konên angubêngi | sakèhe punang wong | dèn angêntèk sapari polahe | ja taha-taha marang ing kami | dimon dèn tironi | dening wadyaningsun ||
8. nêmbah mintar gandhèk wus prapta glis | ênggènira mangko | Ki Wiranêgara dika kabèh | ingandikan dening sri bupati | tuwin kadang sami | myang para tumênggung ||
9. Wiranêgara gupuh lumaris | myang sasanak kang wong | mubêng alun-alun gêgamane | dènira nata dening munjuli | wong nonton mênuhi | wus prapta ing ngayun ||
10. Ki Wiranêgara non sang aji | samya dhepok mangko | atêbih prênahe dan ingawe | dening aji majêng awotsari | abungkuh[23] ing siti | akucêm andulu [a...]
--- [f. 172r] ---
[...ndulu] ||
11. kasênênan cahyaning narpati | dèrèng mulat mangko | lir kadi sang sinuhun cahyane | lir sudama cahyane nêlahi | kawêwahan malih | cahya gama rasul ||
12. mila langkung cahya saking aji | tingalnya sumarot | angandika hèh sira sakèhe | Wiranêgara padha basuki | sakadangirèki | anuwun wotsantun ||
13. inggih di dalêm samya basuki | barkat sang akatong | angandika malih ta sang rajèng | Wirasraya pa padha basuki | umatur wotsari | inggih barkat prabu ||
14. samya basuki saabdi aji | ngandika sang katong | Wiranêgara sira marmane | sun timbali ngong jak ngangkat kardi | ngrêbut nagri mami | lamun sira ayun ||
15. karsaningong mung arsa pêpagih | sira iku mangko | padha angadêga gama mangko |[24] mung têrêna ngong Cangcangan jurit | sabilolah mami | yèn têka karsèngsun ||
16. sakarsanira ingsun nuruti | matur awotsinom | ămba punika kajawi mangke | abdi aji satarutus mami | dasih lir tan jalmi | anèng wona agung ||
17. kèsi-èsi tan rinampèk jalmi | sinatru ing katong | ing mangke kang mlasi nging sang rajèng | sasat dados kang jimat paripih | ămba bêkta lalis | pangandika prabu ||
--- [f. 172v] ---
18. punapa winalêsna ingkang sih | ing kangjêng sang katong | anging pêjah kawula sang rajèng | kaatura siyang lawan latri | dêlap ba aurip | arsa darbe ratu ||
19. mangke narindra ingkang asudi | mring dasih sang katong | ingkang manah lir wukir agênge | sampun age sinuwun ajurit | yèn dèrèng ngêmasi | abdi sang aprabu ||
20. lêbura awor kalawan siti | tan mèngèng tingal ngong | nadyan mangke ing benjing sang rajèng | ratu kawula kang asih dasih | tur ngadêg agami | anut kangjêng rasul ||
21. sun tarima bêktinira sami | sira sih maring ngong | mugi Ywang Sukma malêsa mangke | apa sira têmên bêkti mami | sadaya tur bêkti | sumăngga sinuhun ||
22. yèn tan têmêna sumăngga ngaji | sinêtyannya ingong | iku kabèh pa padha ature | anuwun tan siwah saha bêkti | iku ingkang ngigil | sapa ya ranipun ||
23. punika Surayuda kang nami | nak-sanak lan ingong | pun Mangkuyuda sami tindake | lah iku sapa kang agêng igil | luwih sangking jalmi | satuwuk sun durung ||
24. non jalma kadi iku gêng inggil | pantêse ku mangko | rasaksa gêng gumujêng sakèhe | Wiranêgara matur ngabêkti | punikabdi aji | dhi ămba waruju ||
25. muripun dawêg nêmbêlas warsi | langkung suka [su...]
--- [f. 173r] ---
[...ka] katong | dening têka kaliwat gêdhene | sapa arane arinirèki | pun Tirtanêgari | wastane pukulun ||
26. ngandika malih sri narapati | Wirasraya tinon | Wirasraya ta sira ing mangke | apa sêdyanira seba mami | umatur wotsari | kawula sang prabu ||
27. pêjah gêsang katura sang aji | myang nak putuningong | sêdya dasih ing kangjêng sang rajèng | kang taruna abdine narpati | amba tan kuwawi | pun dasih wus sêpuh ||
28. sunan dangu satingkahirèki | dènnya jurit kang wong | sampun katur satingkah polahe | mila-mila sah sing Surabanggi | mimiti[25] mêkasi | ature wus putus ||
29. sabda pandhita wiku sang aji | luwaran makuwon | ginarêbêg de wanodya kabèh | upacara bêdhaya anampi | pêpingitan asri | kinanthi malêbu ||
96. Kinanthi
1. tambur salomprèt gumuruh | wus manjing pakuwon aji | kang seba samya bubaran | lajêng kasukan sang aji | wadya samya tinimbalan | bupati lan para mantri ||
2. Wiranêgara tan kantun | sasanake dèn timbali | atanapi Ki Cabolang | ingandikan sampun prapti | wadya jajari gumêrah | pasanggrahan dèn ubêngi ||
--- [f. 173v] ---
3. pradăngga munya abarung | pra sindhèn angalik-alik | badhaya sumaos ngarsa | wus lêkas dening mengini | agawok Wiranêgara | sênggakipun angêdhasih ||
4. kang kêplok ambata rubuh | kang andulu samya brangti | asuka sri naranata | wusan badhayan aganti | têlèdhèk kalih wus mêdal | polahe kayungyun luwih ||
5. kang andulu anggung wuyung | sor badhaya suka aji | ajêtung kang samya wikan | lir tan jalma idhêpnèki | lir andulu parayangan | kadya widadari swargi ||
6. wusan nulya dharan sampun | bupati tinundhung mijil | tan adangu sampun injang | sontên ingandikan malih | kalawan para bupatya | sadaya pan sampun prapti ||
7. atap andhèr sa prabu |[26] angandika sri bupati | kabèh sun tari ta sira | prakara ing laku iki | sumăngga karsa susunan | kawula darma nglampahi ||
8. yèn sêmbada karsaningsun | ginitik ing Surabanggi | dening nora abêbakal | maro martiga wong cilik | kang nglakoni yèn kaduga | iku pan tinaha sami ||
9. mring wong cilik kabèh iku | iya marang ing Kumpêni | amasthi ana kang tisna | marang bupatine lami | miwah Japan Wirasaba | tan prabeda dugi mami ||
10. kaprèhe sira arêmbug |
--- [f. 174r] ---
mangkono ing karsa mami | umatur Wiranêgara | igih narendra suwawi | yèn paduka atêdaha | anggêcak ing Surabanggi ||
11. Wiranêgara umatur | ămba ngladosi sang aji | lamun pun dasih piyambak | dèrèng darbe kah pribadi | sawêg sami damêl têdha | di dalêm măngsa puniki ||
12. Mas Răngga matur wotsantun | ingkang nglampahi tinari | yèn kadugi kumpul jalma | miwah kang tisna jalma lit | igih nyawawèni ămba | yèn tan sagah tanpa kardi ||
13. ing tindak dalêm sang prabu | têdah tan wontên tisnèki | tan kenging tinilar benjang | nadyan sunan jayèng jurit | balik malih yèn tinilar | tuwas kandêl awonnèki ||
14. di dalêm Surapringgèku | langkung ajrih ing sang aji | wus nungkul wêkasan cidra | yèn sagah ba nyawawèni | hèh iya Răngga sun rêmbag | Ki Cabolang dipun tari ||
15. Sumayuda aturipun | inggih samya anagahi | anuwun atur kewala | parêk kalawan nêgari | amêsthi dhatêng sadaya | sanak kawula prasami ||
16. pratigan kantun tan langkung | ingkang atumut Wêlandi | yèn mêngkono uwus rêmbag | sida gitik Surabigi[27] | Wiranêgara aturnya | yèn sampun sah karsa aji ||
17. kawula anuwun mantuk | pradangdanan anèng panti | kawula
--- [f. 174v] ---
mêdala wetan | benjing têmpuring nêgari | iya sun lilani sira | nging ana wawêkas mami ||
18. iya sabudi-budimu | yèn kalah aja anggoti | amriha pakantuk lampah | anuwun karsa sang aji | Wiranêgara tur sêmbah | botên kawula unduri ||
97. Durma
1. mugi-mugi angsala barkat narendra | tan sêdya ba gumingsir | amungsuh Wêlănda | sampun kawula têmah | sabilolah lamun mati | sasanak kula | tan siwah lir pun dasih ||
2. lah ta uwis besuk esuk asaosa | lan ingsun agawani | jêjênêng ing sira | gandhèk Si Darmasuta | wotsêkar nuhun turnèki | sampun luwaran | nata myang pra bupati ||
3. tan kawarna enjang sampun pradangdanan | wau Wiranêgari | sagêgamanira | dyan sowan ing narendra | sunan wus miyos tinangkil | pêpak nayaka | putra myang tăndha mantri ||
4. Suranata Kapilih myang Brajayuda | Pamijèn Saragêni | Jagabaya jajar | kalawan Namèngyuda | asambung di dalêm Bugis | sunan sung sipta | Wiranêgara bêkti ||
5. samya majêng sasanake gantya-gantya | angujungi sang aji | nuwun mit sadaya | susunan angandika | iya dèn prayitnèng [pra...]
--- [f. 175r] ---
[...yitnèng] wèsthi | olèha karya | dèn ngrasa dadi kanthi ||
6. nuwun nêmbah mugi sala barkat nata | safangat kangjêng nabi | iya sun tarima | nulya sami ginanjar | pangangge dangdanan jurit | miwah kang kapal | wastra adi lan picis ||
7. alah uwis anuli padha mangkata | mubênga ingkang baris | dèn lirih kewala | nêmbah mit mundur samya | ngalun-alun dèn ubêngi | kang sikêp tumbak | atayungan samargi ||
8. dadya totonan[28] wus lajêng lampahira | mangkana sri bupati | lajêng akasukan | kinèn nowoki lesan | sakathah para bupati | măncanêgara | sadaya dèn ayoni ||
9. atanapi sakathah wadya Mêtaram | anyandêr ganti-ganti | sarta sinurakan | linokkên kang tan angsal | langkung wirang arsa pulih | maksa nora sal | asuka sri bupati ||
10. ingkang angsal bungah kang saya atuman | dangu wusan sang aji | kondur jêng susunan | wadya ji sampun bubar | pan ora aganti[29] lami | susunan karsa | tindak mring Surabanggi ||
11. wontên kang ngaturi ajar ingkang nama | Êmbah Sakăndha uni | ingkang apratapa | Gunung Wilis punika | sangêt dènnya ngampah uni | Purbanêgara | pinrih matur sang aji ||
12. Ki Sakăndha [Sa...]
--- [f. 175v] ---
[...kăndha] sangêt ngeman jêng susunan | poma-poma kang wêling | kunjuk ing susunan | lamun karsa angrusak | nêgari Surapringga ji | dèrèng mangsanya | lamun kêdah sang aji ||
13. masthi risak wadyabala ing Mataram | tan rusak dening jurit | masthi yèn kaparak | risak dening sêsalad | yèn anglangkung saking |[30] bumi ing Jipang | benjing dhatêng prajangji ||
14. ajrih piyambak nora kalawan pêrang | sampun katur sang aji | langkung ringêng manah | dening sampun samaya | dhatêng Ki Wiranêgari | madayèng ujar | susunan nora apti ||
15. lakung èwêd galih dalêm awasana | pangulu dèn timbali | pra khaji lêlurah | di dalêm Suranata | tinuturan dipun tari | saaturira | ajar ingkang ngalangi ||
16. aturira pangulu khaji sadaya | botên ămbêbayani | yèn wontên wirayat | manthêra kadya sipat | sagêda ngambah wiyati | ngèlmuning setan | tan patut tinut wingking ||
17. wontên matur wong lêlurah Suranata | pangulu dèn pabêni | nora si anuta | manira mring wong kofar | dening pemute abêcik | langkung angeman | mring panjênêngan aji ||
18. pagaweyan bêcik boya ta patuta | ingong go dèn lakoni | yèn dadya waluyya [walu...]
--- [f. 176r] ---
[...yya] | sampun ngangge kang ala | tanapi ngimankên kapir | ingong tan arsa | luwih tampi ing ati ||
19. ki pangulu taksih kaku wuwusira | wus ujaring agami | tan kêna anuta | wong Sêlam mring wong kofar | Ki Mas Răngga angajani | lah dawêg uga | kănca ja wêdi-wêdi ||
20. rêbat ujar kabèh pan padha angeman | panjênêngan nrêpati | pundi kang prayoga | kang pênêd linakonan | Suranata ngucap malih | sampun andika | kaliru tămpa ugi ||
21. andika botên sisip ing atur kula | bilih-bilih prayogi | botên si anuta | nging pemut kang prayoga | ingkang manira lakoni | upaminira | ngong liwat ing prayogi ||
22. ingemutkên kapir khale pakênira | arsa pinatèn jalmi | wong kapir asuka | peling masthi pelingnya | yèn amêksa bilaèni | yèn tan ngagoa | amêsthi lamun mati ||
23. punapa ta andika lila ing pêjah | têmên pemute bêcik | tatapi wong kopar | ingkang ngeman punika | alah dika kadipundi | pangulu nêbda | punika tulah balik ||
24. yèn maksih kêni amasthi yèn takiyar | puniku boya sami | de pemut raharja | sumăngga karsa nata | susunan ngandika aris | ngangge satêngah | ingsun kang angêmbari ||
--- [f. 176v] ---
25. ingsun anggo ujarmu sasat kaduga | sida ingsun nindaki | nging sun nora arsa | nglangkungi nagri Jipang | walêre yèn sun tan arsi | ngago aturnya | yèn maksa gun[31] nindaki ||
26. aja kantos lumangkah tanah i Jipang | abangê[32] ture kami | mila ingong tindak | sok ja liwat walêrnya | pemute kanggo agami | nora kabuwang | sadaya nyawawèni ||
27. wus tinundhung mêdal botên tara lama | suwarèng bala mantri | enjing sunan karsa | tindak têngara munya | lir gêrah pangrik turanggi | wadya adangdan | ngumandhang syarèng jalmi ||
28. saos tundhan kagungan dalêm pikulan | wus kumpul wadya aji | kèh sikêp gêgaman | tanna kari satunggal | ngalun-alun angèbêki | kangjêng susunan | prajuritan rinakit ||
29. wus sumaos titihan dalêm turăngga | tanapi tundhan jalmi | lawan tundhan kapal | nglangkungi sing parentah | kapal sikêp akèh bali | tambur gumêrah | salomprèt lan gong bèri ||
30. tinimbalan wadya pangarsa kèn budhal | tan owah kadya lami | wong măncanêgara | nèng ngarsa têdah marga | tinon lir bakasa[33] rawi | payung binabar | wong lir sela blakithi ||
31. dulur-dulur lumampah tanpa pêgatan | kèhing turăngga jalmi | dan miyos jêng sunan | wadya kèri lan kanan | tan pêgat jalma lumaris |
--- [f. 177r] ---
sunan ngandika | apa doh ikang dhingin ||
32. wadya matur sampun dangu kang pangarsa | dan budhal sri bupati | prajurit atata | datan kaliru prênah | wadya pangarsa wus têbih | padhang kang wona | panggenan dados rawi ||
33. kang kaambah dening di dalêm kang dharat | jalêr kalawan èstri | lampahe balasar | suwêng sakèhing desa | wus masanggrahan sang aji | sawadyabala | kitha Ngêblêg kawuri ||
98. Pangkur
1. enjingipun nulya budhal | anglêrêsi jawah rêndhêng nêngahi | kajawahan rintên dalu | susunan masanggrahan | dhêkah Puwan têngah wona prênahipun | punika wontên sêtona | awingit pinggiring kali ||
2. sadalu pan kajawahan | nora budhal ngantos angradin margi | lan meme kang têlês wau | dangdanan miwah obat | nging sadina injing budhal sang aprabu | sêmana tan ana desa | radinan mondhok wanadri ||
3. rintên dalu jawahira | sawarnine tan uning sang yang rawi | ngalas kêkayon asingub | wus dungkap tigang dina | non pêpadhang masanggrahan Kunir prabu | babadan asri katingal | alangên pinggiring margi ||
4. anon dhukuh wadya kumrab | samya enggar injing budhal sang aji | babadan anyar kadulu | andungkap pasawahan | masanggrahan sang prabu ing Pandhanbanyu | susunan [susuna...]
--- [f. 177v] ---
[...n] akarsa lama | sing Maosranu tan têbih ||
5. punika bumi ing Jipang | kèndêl lami anêlasakên pikir | Pangran Giri sowan prabu | dènnya ngabêni yuda | nuwun idi nora kawon pêrangipun | mila kèngsêr sing patapan | Giri ngraos tanpa kanthi ||
6. tinilar de Ki Cabolang | wus apanggih sunan lan Pangran Giri | dinangu sapolahipun | katur purwa wasana | langkung suka sunan mirsa aturipun | Pangeran Giri widigdya | Pangran Giri dipun tari ||
7. kadipundi karsa dika | Pangran Giri prakawis lampah puniki |[34] Pangeran Giri umatur | yèn sawawi lan karsa | jêng sampeyan pinarêka Maosranu | sampun sunan kesah-kesah | jênêngana sangking wingking ||
8. kula kewala kang aprang | nging abdi sadaya tumutèng kami | kantuna kang têngga prabu | ecaa sunan nindra | yèn ta dèrèng susunan kawula lampus | sampun sunan age tindak | yèn dèrèng kantênan sami ||
9. kawula suka warana | lamun pêjah aprang sabil lan kafir | pêjah sadintên ping pitu | ămba pan botên ulap | lawan kapir kawon mênang pêjah prabu | langkung suka kangjêng sunan | myarsa ture Pangran Giri ||
10. gih langkung kula tarima | sih andika pangeran [pangera...]
--- [f. 178r] ---
[...n] inggih benjing | rinêmbag ingkang apatut | Pangran Giri sêmana | angaturi dhuwung sarakit mring prabu | gènira yasa piyambak | cis barkatan kang kinardi ||
11. langkung suka jêng susunan | wus luwaran Pangran Giri wus mulih | anunggil Mas Răngga wau | Ki Muhyadin dinuta | kinèn mundhut khaji siji kanthinipun | Pangeran Giri punika | binakta katur sang aji ||
12. Kaji Bantên wastanira | lakung suka kangjêng sri narapati | anuntên wontên kang rawuh | Ki Mataun nakira | bêkti ngaji kêkalih ta wastanipun | Natapura Jayèngrana | magang Jipang dèn adhêpi ||
13. kang jinujug Ki Mas Răngga | katur sunan tinimbalan wus prapti | asowan ing ngarsa prabu | angandika susunan | Natapura Jayèngrana sowan mring sun | hèh apa ta karêpira | matur nêmbah jalma kalih ||
14. ămba ngaturakên pêjah | gêsang ămba dhatêng sri narapati | sêdya andasih sang prabu | dhèrèk sapêjah gêsang | angandika kamangkara turmu mring sun | kadangmu dadya bupatya | tut buri wong papa mami ||
15. sira iku ngamadaka[35] | tan pracaya yèn tan prasêtya sami | sumăngga karsa sang prabu | anulya dipun imbar | sampun têlas supata agama rasul | angandika jêng susunan | kaya priye ingkang warti ||
16. Si Mataun [Ma...]
--- [f. 178v] ---
[...taun] kakangira | jalma kalih umatur awotsari | wus kentar sarayatipun | angungsi ing Walănda | yèn mêngkono wartanira pa sirèku | kaduga ngumpulkên wadya | sandika kalih wotsari ||
17. yèn wontên karsa paduka | ing sapakantukipun kados-kados kadugi |[36] lah iya ing sakarêpmu | besuk na karsaningwang | awotsêkar mugi sala barkat prabu | wu samya tinundhung mêdal | aluwaran sri bupati ||
18. anuli Jayawinata | sanakira prapta bêkti ing aji | Sasrawijaya ranipun | Jayawinata sowan | ngunjukakên sanakira bêkti prabu | saature katarima | anulya dèn supatani ||
19. sampunira asupata | angandika kangjêng sri narapati | yèn sira têmên maring sun | ngumpulna sanakira | yèn wus kumpul besuk ana karsaningsun | anulya tinundhung mêdal | aluwaran sri bapati[37] ||
20. wus lama anggung kasukan | lawan wadya anèng ing Pandhanwarih | samana ingkang winuwus | sanakira Mas Răngga | ing Sidayu ingkang sakit galihipun | akathah kang sami prapta | wus katur dhatêng sang aji ||
21. langkung suka sri narendra | duk sêmona nora antara lami | nuntên wontên wartanipun | Wiranagara [Wiranaga...]
--- [f. 179r] ---
[...ra] aprang | lan Kumpêni wontên Bangil dènnya campuh | nanging angsal barkat nata | mênang ta dènnya ajurit ||
22. nora lami wontên warta | Wiranêgara utusan lawan tulis |[38] sampun prapta Pandhanbanyu | jujug Dyan Jayèngrana | wus binêkta sowan dhumatêng sang prabu | wus katur dhatêng sang nata | dyan nimbali kyèh bupati ||
23. tanapi măncanêgara | sampun pêpak utusan dèn timbali | wus prapta ngarsa sang prabu | bupati andhèr atap | angandika jêng sunan di dutanipun | têka Si Wiranêgara | Jayèngrana awotsari ||
24. punika ingkang alênggah | wuri ămba duta majuwèng ngarsi | duta glis lajêng abukuh | duta kinongkon apa | awotsantun umatur ămba ingutus | di dalêm Wiranagara | ngunjukakên sêmbah bêkti ||
25. lan kadang waraganira | sêmbah bêkti kunjuka sri bupati | kalayan tur surat prabu | wus pinundhut binuka | pan punika kang surat katur sang prabu | kalayan kang bêkti sêmbah | sangking pun Wiranêgari ||
26. sarta di dalêm sadaya | kaatur dhumatêng sri bupati |[39] sasampuning bêkti katur | ămba atur uninga | yèn pun dasih nglampahi ayahan prabu | arsa dhatêng Surapringga | marêngi mêngsah dhatêngi ||
27. kapêthuk kalawan ămba | botên wangwang campuh wontên ing Bangil |
--- [f. 179v] ---
kang aprang rame kalangkung | arukêt long-linongan | nanging angsal barkat dalêm sang aprabu | kawon kang wadya Walănda | kudhangdhangan kathah mati ||
99. Dhandhanggula
1. punika pratăndha ingkang jurit | kaatura dhumatêng susunan | kang bandhangan sawarnine | awarni waos dhuwung | myang bandera tanapi bêdhil | miwah ingkang babêstan | katura sang prabu | tăndha Wêlandi satunggal | ingkang gêsang cacahipun kang ngêmasi | tigang dasa satunggal ||
2. Bugisipun kang kula gêsangi | kalih wêlas kang katur punika | kang palastra Bugis gunge | kawilis kalih atus | kupingipun ămba irisi | Bugis lawan Wêlănda | katura sang prabu | kabêkta utusan ămba | kawan èblèk jalma Jawi kang winilis | samya ingkang palastra ||
3. langkung suka jêng sri narapati | angandika jêng sunan mring duta | hèh mungsuh mêngko kaprèhe | apa maksih dyan matur | duta nêmbah mêngsah Kumpêni | kawone lajêng nulak | manjing lojènipun | ing Gêmbong ngandika sunan | Wiranêgara mêngko ana ngêndi |[40] samya wangsul sadaya ||
4. dhatêng Pamambêng Wiranêgari | sasanakipun anuwun duka | ngunjukkên pêjah gêsange | kala rêndhêng puniku | nuwun lilah kèndêl sêsabin | samya adamêl [ada...]
--- [f. 180r] ---
[...mêl] têdha | yèn sampun sadarum | sêsabin sumăngga karsa | angladosi măngsa têrang marga gampil | sakarsa-karsa nata ||
5. sasanakipun ature sami | mapan sampun sami angsal karya | sapangandika sa rajèng | linakyanan pan sampun | pun Cabolang rinaos sami | dèrèng prang tur kang gadhah | buka nagrinipun | mila anuwun dêduka | luwung di dalêm lumampaha pribadi | yèn wontên pangandika ||
6. sampun babotipun[41] abdi aji | Wiranêgara lan Surapringga | nging aturipun sêmune | ngantosa têrangipun | pêjah gêsang datan darbèni | tingal kalih lyan nata | tan non pêjahipun | nanging sampun angsal barkat | kang sinuwun abdi dalêm wetan Ardi | Wilis kang karèhêna ||
7. angladosakên karya narpati | gumujêng sunan sarya ngandika | hèh duta warahên kabèh | sun tarima sadarum | bêktinira marang ing kami | atanapi dènira | mênang aprang pupuh | sukanisun saki[42] liwat | dening ture sun lilani sawis[43] kardi | duta anuwun nêmbah ||
8. alah iki ya ganjaran mami | sira kona andum kang warata | sasanak-sanake kabèh | duta nêmbah anuwun | amit mulih mundur sing ngarsi | lajêng dêdalon nata | angrêmbagi laku |
--- [f. 180v] ---
karsanira jêng susunan | arse[44] kèndêl kitha Majaranu aji | kinèn nglarag kewala ||
9. sakathahe kang para dipati | anidhihi[45] marang Ki Cabolang | Cabolang nulya tinaros | tan kaduga turipun | angumpulna sanakirèki | katêbihan turira | yèn anglarag mungsuh | sangking ing ngriki kangelan | yèn pinarak ing Jipang sri narapati | yèn sawawi ngancika ||
10. tapêl watês nagri Surabanggi | pinaraka sunan ing Janggala | adawêg sae papane | punika ta kalamun | wontên prapta di dalêm alit | parêk lamun linarag | ngandika sang prabu | hèh sakèh para bupatya | saature Si Cabolang sun turuti | ja tanggung lampahira ||
11. yèn tan maju ingsun wirang kari | iya lawan Si Wiranêgara | mandah ucap-ucapane | ya Si Cabolang iku | kang dèn iri prasasat kami | karsaning Yyang sun têmah | arja pemutipun | di dalêm matur sadaya | dados tilar pemut ajar ingkang bêcik | angandika susunan ||
12. kaya prèhe sun têmaha witning | ingsun bali ngawan liwat wirang | sadaya rêmbag ature | wis dangdana sadarum | pra bupati prasamya mijil | nora dangu antara | di dalêm tur wêruh | wong Madiun tur uninga | lamun Pangran Mangkudipura [Mang...]
--- [f. 181r] ---
[...kudipura] ngêmasi | wuryan dalu punika ||
13. kanggêk galihira sri bupati | sapamucang tan kêna ngartika | ngungun sajro wardayane | acuwa galihipun | pinupus wus karsa Ywang Widi | sinuwun karsa tindak | mila sangêt prabu | ngrudati[46] kriyin Pangeran | Martalaya ngêmasi anèng nêgari | dening nora kayaa ||
14. udan drês pralita nêlahi |[47] sunan tindak têtuwe kang pêjah | kêdhik kang andhèrèk mangke | nging Kapilih puniku | lawan wadya Suranata ki | kang kèh nusul kewala | prajurit tumênggung | udan adrês păncawora | tan tinolèh dènira sri narapati | gih punika kang awrat ||
15. sunan asihe dhatêng kang abdi | sampun prapta pondhok Madiunan | pinarêk anèng ulone | langkung ngungun sang prabu | kang anusul prasamya prapti | sadaya pêpalaywan | prajurit tumênggung | kang pralena binêcikan | wus dinusan sinalatakên tumuli | anulya ingulêsan ||
16. angandika jêng sri narapati | Subarja besuk esuk ulihna | bapakira kunarpane | Purwanagara nuwun | sunan angling wadyèngsun sami | wurung sun tindak enjang | sandika turipun | lan nganti Purwanêgara | dènnya mulih sadaya samya wotsari | sampun kondhar[48] susunan [su...]
--- [f. 181v] ---
[...sunan] ||
17. wong Suranata kinèn nênggani | sarta angaosakên sadaya | sunan manjing pakuwone | kang dhèrèk samya mantuk | sampun enjing binêkta mulih | layone kang palastra | tawis kalih dalu | Purwanagara wus prapta | jêng susunan undhang karsa tindak injing | wus dangdan wadyabala ||
18. enjing muni têngara amlingi | wadya dangdan kapindho anglêmpak | kaping tiga budhal kabèh | wadya pangarsa daut | wadya lêbêt budhal kang baris | lampahira tan owah | lir gunung lêlaku | wadya lit akèh kasasar | kang tan uning ing rêmbag enjing wus prapti | Maosranu kasmaran ||
100. Asmaradana
1. injing ingkang sikêp baris | punika nora kasasar | wus masanggrahan sang rajèng | dhêkah satêngahing wana | enjing budhal wus prapta | masanggrahan Kalidhawung | enjing budhal rajèng wona ||
2. udan drês siyang lan latri | kang margi jêblog kalintang | nusup grit cala margane | asingub pêtêng limunan | păncalita ampuhan | riris ampak awun-awun | sang ywang arka tan katingal ||
3. riyêm-riyêm sa yyang rawi | kalamukan jaladara | gurnita muni lèr kilèn | kathah kapal ingkang pêjah | kang jêblog kari gêsang | tan mangan kapal jalmèku | sukêt bêras pari larang ||
--- [f. 182r] ---
4. masanggrahan sri bupati | awasta wana ing Sarat | sadalu budhal enjinge | marga gawat saya pringga | susunan masanggrahan | Wona Panjang aranipun | tumut tanah Surapringga ||
5. injing[49] budhal sri bupati | dungkap bêbabadan apadhang |[50] inggar kang wadya lit kabèh | banjaran kang patalunan | andulu pasawahan | wus masanggrahan sang prabu | awasta dhusun ing Tambar ||
6. wus cêlak lawan nêgari | tan kantos lakon sadina | miranti tata barise | Ki Cabolang anèng ngarsa | miwah măncanêgara | kang nindhihi lampahipun | di dalêm Pamijèn ika ||
7. kang lèr kilèn Pangran Giri | barise maju tan kêna | marga dadya rawa kabèh | ingantos tan kêna têrang | saya gêng toyanira | têngran marga tatanipun | kêkajêngan dipun pacal ||
8. sapakolèh dèn ajoni | têpis wiring padêdesan | Surapringga têluk kabèh | nging kantun salêbêt kitha | obah wong Surabaya | miwah pasisir sadarum | obah manahing wong susah ||
9. wadya kang dados pangarsi | sadina-dina apêrang | nanging asal barkat rajèng | mênang prang bandhangan kathah | katur sunan asuka | Pangran Giri inggih campuh | lan mêngsah prangipun mênang ||
10. samya angangsêg kang baris | kêkês wadya Surabaya | tan mêdal amêmpên [amêm...]
--- [f. 182v] ---
[...pên] bae | ingangsêg kang saya cêlak | kantun lakon patang jam | jawah gêng rintên lan dalu | toya gêng kang saya prapta ||
11. dadya kèndêl wadya aji | baya wus karsaning Sukma | sinapih dèrèng mangsane | yèn ajaa gêng kang toya | Surapringga kancikan | langkung susah sang aprabu | marga tan kêna ingambah ||
12. pan ora antara lami | di dalêm pasasir[51] prapta | ing Tuban ika nagrine | ambêkta rencang akathah | sanggap[52] ngrêbat ing Tuban | asowan dhatêng sa prabu | nuwun idi pangawasa ||
13. katarima aturnèki | sampun pinatêdhan surat | nawala dening sang katong | wus tinampan nuwun lilah | mantuk dhatêng ing Tuban | Tirtawijaya ranipun | wus mulih sasanakira ||
14. tan alama kang antawis | sasanakira Mas Răngga | ing Sidayu prapta kabèh | cacahipun pitung dasa | samya ingkang katara | kalih wêlas mantrinipun | wus katur dhatêng sang nata ||
15. inggih kadya wadya Tubin | ya wus pinatêdhan surat | nawala pikukuh katong | anulya samya pamita | wontên ganti carita | tawis kawan dina prabu | karsa duta mring kang putra ||
16. sawêling-wêling narpati | sampun wontên dalêm surat | sang duta kintar lampahe | susunan sampun alama | abaris anèng Tambar | larang tan [ta...]
--- [f. 183r] ---
[...n] ana tinuku | sruwa-sruwi laku larang ||
17. nulya linud ing gêgêring | wadyabala miwah kapal | sabên dina mati akèh | nora nana pinêndhêman | saking kèhe kang pêjah | kang wangke susun atimbun | anurut lèpèn ing Tambar ||
18. wadya ingkang pêjah margi | miwah ingkang pêjah wona | tanpa wilangan cacahe | kang dadi sakiting jalma | mising kalawan rumab | tinub ing bêbêdhil agung | barah giris kang tumingal ||
19. sangking kèhipun kang jalmi | tiningalan nora owah | miwah kang kapal tingale | inggih nora nana suda | saking kèh wadyabala | sigêgên ingkang winuwus | Pangeran Mangkunêgara ||
20. anèng Garobogan lami | tan prabeda gêgêringnya | jalma kuda kèh êlonge | Pangeran Mangkunêgara | panggih lan Martapura | alami antaranipun | nulya Gupênur Sêmarang ||
21. budhal sawadyanirèki | ajagani nagri Dêmak | wong pasisir tumut kabèh | anèng Gubug barisira | pangeran wus amirsa | nulya arêmbagan wau | lawan Radèn Martapura ||
22. kasaru kang duta prapti | wau sangking ingkang rama | katur tinimbalan age | duta dhawuhkên timbalan | pangran kang salam donga | rama jêngandika prabu | dhawuha dhatêng andika ||
23. myang sakathahing bupati | pangran nuwun aturira | punika malih surate |
--- [f. 183v] ---
nuwun surat tinampanan | binuka dyan winaca | pèngêt iki layang ingsun | dhawuha ing putraningwang ||
24. miwah sakèhing bupati | wusing dhawuh salam donga | lire paring idhêp ingong | ki dipati marang sira | lakuningsun wus prapta | jajahan Surabayèku | kari sasilir tumêka ||
25. desa Tambar baris mami | anadene lakunira | dèn prayitna putraningong | angaraha olèh karya | ngrasaa katêmpuhan | poma titi surat ingsun | pangran dangu kathah-kathah ||
26. wus tinutur lampahnèki | ing satindake kang rama | miwah duk kala pêrange | Wiranêgara Pamalang | sadaya wus jinarwa | pangran wus damêl sul-angsul | sinungkên duta dyan mêsat ||
27. pangran nutugkên agusthi | lawan Radèn Martapura | pangran angandika alon | paman ta kadi punapa | prakawis lampah kula | paman babêciking[53] laku | gèn kula nglampahi karya ||
28. ayahan kangjêng kiyai | angsal kula yun gitika | pasisir paman ing mangke | Martapura aturira | anggèr pangraos kuli |[54] kadipundi kanthanipun | anggèr gèn sampeyan tindak ||
29. mangke dhumatêng pasisir | tan kenging watawis kula | langkung asangêt jawahe | kang siti tan kêna ngambah | jêblogipun kalintang | tan wande kapale lêbur |
--- [f. 184r] ---
awêkasan karisakan ||
30. lan pun gupênur ngadhangi | wontên ing Gubug punika | watawis kula pamrihe | mêgati marga sampeyan | sampun kantos lumampah | sampeyan masisir iku | lamun sampeyan maksaa ||
31. botên risaka ajurit | masthi risak dening marga | têmah karisakan dhawe[55] | pintên dangu wong parintah | kang risak gih sampeyan | punika pangemanisun | anggèr dhumatêng sampeyan ||
32. supami jrih dèn dukani | pangraos wontên piyambak | punapa pinrih lêbure | yèn tan ngangge kira-kira | punapa karsa dika | pênêd batên pênêd lêbur | rama dika langkung suka ||
33. bok sampun kapati-pati | sampeyan kaot punapa | bok sampeyan bawa dhèwèng[56] | wus kadhahar aturira | pangran arsa bubaran | yèn mêngkatên rêmbugipun | paman andika kantuna ||
34. gih agèr kula suwawi | mapan pikir sampun rêmbag | pangran wus budhal lampahe | mangidul pangran sawadya | gupênur amiyarsa | yèn pangran bubar mingidul[57] | nulya budhal mring Sêmarang ||
35. pangran lampahe wus prapti | ing Kumuncup masanggrahan | injing budhal wus prapta ge | ing Sêmrudung masanggrahan | sadalu jing lumampah | ing Majênang sampun rawuh | masanggrahan injing budhal ||
36. sambèn dènira lumaris |
--- [f. 184v] ---
pinalih kang wadyabala | Sima kinèn ngrayah kabèh | rêmbage Ki Martapura | măngsa wurunga ala | anulya sami lumayu | gêgaman anurut marga ||
37. kagèt wong Sima wus ênting | kêbo sapi rajakaya | akathah kacakup kabèh | laju wong Mangkunêgaran | pangran prapta Tanawas | injing budhal sampun rawuh | ing Ngêndho amêsanggrahan ||
38. wus campur wadya kang malih | sadaya kang mêdal Sima | budhal ing Ngasêm pondhoke | enjinge sampun malih budhal |[58] ing Jamur sampun prapta | masanggrahan injingipun | ing Kapundhung masanggrahan ||
39. enjinge sampun lumaris | ing Têmbêlang masanggrahan | jing budhal pasanggrahane | pangeran ing Kalirêca | jing budhal masanggrahan | Sumarêja trêp nèng ngriku | sigêgên ingkang kocapa ||
40. sakathah para bupati | ingkang abaris Bandhongan | kumpul kang bupati kabèh | wong Kumpêni barisira | nênggih wontên Madana | Pangran Diwijaya maju | kănca sadaya nonoman ||
101. Sinom
1. abaris anèng Gambasan | nulya pakumpulan sami | adan nulya rêrêmbagan | wus dadi rêmbage malih | Radyan Suryanêgari | Măndraka Wiradigdèku | nuntên nyabrang ing Praga | sêsukan dènira baris | Pangran Adiwijaya pacak barisan ||
2. wontên Balondhon gènara[59] [gèna...]
--- [f. 185r] ---
[...ra] | Kumpêni sampun udani | nulya maju kalih lampah | Wêlandi kang dèn margèni | Wanarata sapalih | Manjungan sapalihipun | Pangran Adiwijaya | wus mundur barisirèki | Dyan Dipati Janingrat wus malih lampah ||
3. nugil Dèn Suryanêgara | Măndraka Wiradigdèki | mundur baris Palaosan | Pangran Diwijaya aglis | lajêng lampahe prapti | Kaliawu enjingipun | lajêng dhatêng Mêtaram | Kumpêni samya abali | mring Mêdana nulya angalih barisan ||
4. pasisir mulih sadaya | Kumpêni sampun abaris | Ngardi Lawak wus alama | anulya rêmbagan sami | arsa nglarag Kumpêni | mring Gênita bubar sampun | Isting Mèlèr tindhihnya | drêgundêre kalih dèsi | ingkang dharat wong Kumpêni pan sawidak ||
5. bupati Ki Wiradigda | Mangkuyuda lawan malih | wau sira Wiraguna | ing Gênita sampun prapti | amondhok gangsal latri | enjinge budhal mangidul | amondhok Sudimara | enjing bubar dhatêng Kunci | dyan pinêthuk aprang lan Suryanêgara ||
6. Singaranu rencangira | rowang mêngsah akèh mati | kuciwa Suryanêgara | Singaranu wus kalindhih | mring Gawong parannèki | pisah Suryanêgarèku | nunggil para bupatya | nyabrang ngetan Ngele prapti | ing Tareka sapalih [sapa...]
--- [f. 185v] ---
[...lih] nèng Wanakarsa ||
7. Kumpêni dènira rarywan | ing Têmanggung sawadyèki | tansah riniwuk samarga | Singaranu kang narungi | enjing bubar Kumpêni | mangidul Karasak rawuh | nênêlukên[60] wong kathah | tansah riniwuk ajurit | Wiradigda narungi lan Măndaraka ||
8. sadina-dina apêrang | samya arêmbag Kumpêni | Karasak lan Ardi Lawak | karsa sarêng dènnya gitik | Tareka dèn purugi | sarêng dènira lumaku | Kumpêni Ardi Lawak | desa Pare dèn margèni | kang nèng Karasak pan mêdal ing Kapangenan |[61]|
9. lajêng dhatêng Ardi Lêmah | wadya Mêtawis miyarsi | Radèn Dipati Janingrat | myang Radèn Suryanêgari | Ki Wiradigda tuwin | Măndaraka samya kumpul | ngalor Bolong parannya | ararywan rêmbagan sami | dipun kintên ingkang kantun Ardi Lawak ||
10. akêdhik ingkang atêngga | arsa tinukup Kumpêni | wus rêmbag bubar sadaya | sangandhap asar lumaris | anyabrang Ngelo malih | Pasalakan aranipun | sarêng rêp dènnya prapta | Ardi Lawak ingkang baris | jawah sangêt prasamya kèndêl sadaya ||
11. wontên têgal pawaluhan | wancinipun têngah wêngi | kaliwat dènnya rêmbagan | èwêdipun lawan malih | pêtêngipun kapati | lan dèrèng wruh rintênipun | dados sande kewala | lajêng ngalèr sarêng prapti | dhusun [dhusu...]
--- [f. 186r] ---
[...n] Sêcang mingêr ngilèn lampahira ||
12. ing Palumbon sinabrangan | samya mondhok Kêmbangkuning | kalih dalu laminira | anuntên tiwas kiyai | gupita ical wêngi | sakalangkung dènnya ngungun | Dyan Dipati Janingrat | langkung ngalat ingkang galih | dyan amirsa Bandhongan yèn ana mêngsah ||
13. Kapitan Trohi arannya | enjingipun bubar sami | Kali Kalong winêdalan | Pajangkungan dèn dalani | Wêlandi anut wingking | analasah lampahipun | Palumbon sinabrangan | tan kapanggih sampun bali | Èsting Mèlèr dhumatêng ing Ardi Lawak ||
14. kang lumampah sontên prapta | Bandhongan mêngsah gumingsir | pondhoke wus ingobongan | Rahadèn Suryanêgari | duta kinèn ngalari | Singaranu tan katêmu | têngah wêngi pan bubar | sadaya nyabrang ing kali | samya ngetan amondhok wontên Kalapa ||
15. nuntên bubar kang barisan | wadya Kumpêni ing Ardi | Lawak majêng barisira | ing Kêtos dipun pondhoki | kang nèng sabrang Paragi | bali Karasak gènipun | wadya Mêtawis bubar | mangidul mring Bolong malih | rêrêmbagan sakathah para bupatya ||
16. kadipundi ingkang karsa | ing Kêtos wontên Wêlandi | miwah ing sabrang Paraga | anênggih wontên Wêlandi [Wê...]
--- [f. 186v] ---
[...landi] | Radyan Janingrat angling | miwah Suryanêgarèku | kadipundi ing karsa | sanak ngong para bupati | atanapi kang para mantri sadaya ||
17. punapa inggih gitika | mêngsah ing Kêtos puniki | punapa sami lajênga | dhatêng ing Kêdhu prasami | kang lêga aturnèki | Măndraka Wiradigdèku | mantri-mantri sadaya | aluwung inggih agitik | wong Kumpêni kang wontên Kêtos punika ||
18. wondening undur kawula | anêba dhatêng Mêtawis | dadya rêmbage wus bubar | Bagajahan sampun prapti | sontên mêngsah wus myarsi | pa[62] nulya samya amêthuk | Wêlănda myang wong Jawa | kalawan Ki Rajaniti | Wiradigda kalawan Surajênggala ||
19. sampun wontên Pasalakan | di dalêm angantêp jurit | samya adharat sadaya | langkung rame dènnya jurit | Sindujaya ngêmasi | tan tinolèh mêksa nêmpuh | wong Kumpêni wus kalah | kalulun kang wadya Jawi | nulya dhatêng Kumpêni saking Karasak ||
20. mêngsah binuru kèh pêjah | kang sangking Karasak pulih | surat Kumpêni arannya | Cakranagara wong Jawi | kang kawon wangsul malih | dyan campuh rame prangipun | kuciwa wong Mêtaram | kawratan dènira jurit | samya mundur Rahadèn Suryanêgara ||
21. undure [undur...]
--- [f. 187r] ---
[...e] mring Pakakungan | Radyan Janingrat lan malih | Măndaraka Wiradigda | ing Jamus kang dèn pondhoki | Kumpêni mundur malih | dhatêng ing Kêtos sadarum | enjing wadya Mataram | mundur Rahadèn Dipati | Wiradigda kalawan Ki Măndaraka ||
22. amondhok wontên Susukan | antawis sapêkên malih | barise majêng sadaya | iku mungsuh dèn pondhoki | antawis pitung latri | Radyan Janingrat akumpul | lawan Suryanêgara | wong Kumpêni wus udani | arsa nukup ing dalu sampun lumampah ||
23. alirih lir endrajala | lampahe norana uni | kang jinujug pondhokira | Rahadyan Suryanêgari | lawan radèn dipati | asangêt norana wêruh | sadaya samya weya | nora nyana nora ngimpi | yèn tinukup dènira kang punang mêngsah ||
24. sadaya angeca-eca | samya acucul turanggi | amung Radèn Jayaningrat | rencang kinèn ngati-ati | samya kinèn kêkambil | inggih-inggih wuwusipun | nanging tan kalampahan | sêdaya eca aguling | sarêng êbyar wong Kumpêni dhatêngira ||
25. sawiji norana wikan | uninga wus abêdhili | wontên sajawining dhadhah | kagèt kasusu prasami | tan kantos akêkambil | dandanane sami kantun | samya nunggang [nung...]
--- [f. 187v] ---
[...gang] lagaran | akathah wêwuda sami | kang cinangking anging dhuwung lawan tumbak ||
26. Rahadèn Suryanêgara | pan ora kantos anyamping | lumayu sruwal kewala | nanging dhuwunge cinangking | mila kadya puniki | waunipun sami cucul | nunggang kapal lagaran | Rahadèn Suryanêgari | panyandêre alah ngago abah-abah ||
27. Radèn Dipati Janingrat | kasusunipun kapati | nanging dandanane wêtah | tan cucul angati-ati | karaos ingkang galih | Ki Gupita icalipun | mêngsah samya agiyak | gumrudug bêdhil Kumpêni | apuyêngan gègèripun mundur mara ||
102. Durma
1. Dyan Dipati Janingrat apan kasêsa | tanbuh polahirèki | murugi ênggènnya | wau Ki Sutadika | uwa dèn inggal Kumpêni | sampun acêlak | Sutadika nauri ||
2. sampun kasêsa gèr dèn lirih lumampah | dimèn mêngsah dhatêngi | kula ingkang panggah | uwa mêngsah gêng prapta | mênawi karoban tandhing | uwa dèn inggal | kasêlak mungsuh prapti ||
3. Sutadika angling anggèr lumayua | pun uwa anggèr kari | ngong sêjakkên pêjah | sabil kang mêngsah cêlak |
--- [f. 188r] ---
Radèn Janingrat ngantosi | Ki Sutadika | ngamuk mêngsah kang prapti ||
4. Radèn Janingrat ngantos rencange têlas | kang ngamuk dèn kathahi | Sutadika pêjah | radèn arsa tulunga | kinarubut dèn kathahi | mèh dhidhik tiwas | cêlak radyan dipati ||
5. kinarubut binendrongan ing sinapan | pangrêksaning Ywang Widi | rahadèn tan kêna | radyan nabrang Paraga | lan Radèn Suryanêgari | Wêlandi nulak | wangsul mring Kêtos malih ||
6. kang lumayu prasamya sowang-sowangan | samya ngruruhi gusti | pan sampun kapêdhak | mondhok ing Pakapalan | Măndraka Wiradigdèki | mantri sadaya | mapan sampun alami ||
7. mêngsah majêng pangarsa nèng Pagondhangan | dening wadya Mêtawis | majêng pondhokira | aran desa Jêngkingan | wus alami wong Kumpêni | kang gêng barisnya | ing Têrayêm ing nguni ||
8. sapakolèhira nêlukkên wong desa | Mangkuyuda lan malih | wau Natayuda | kinèn bali akarya | biting Sêcang pacak baris | nêlukên jalma | ing bang êlèr prasami ||
9. kang kocapa Pangeran Mangkunêgara | anèng Brija alami | nulya wontên duta | prapta saking Samarang | upênur akintun tulis | katur pangeran | pêpak para bupati ||
10. pèngêt [pèngê...]
--- [f. 188v] ---
[...t] surat pratăndha tulus kang manah | iklasing ati suci | sangking kangjêng tuwan | upênur ing Sêmarang | sarta tabe kathah iki | inggih dhatênga | ing saudara mami ||
11. kang anama Pangeran Mangkunêgara | prajurit tanpa tandhing | nglêlana pirusa | sampun kadya punika | wiyosipun surat mami | kadi punapa | pangeran karsanèki ||
12. mupung têbih pangeran rama andika | prajangji dika uni | dhingin lawan kula | bok inggih alajênga | bêcik kalawan Kumpêni | punapa dika | nagri Jawa puniki ||
13. tan angrasa yèn darbèk dika sadaya | rusake kang nêgari | dika kang kelangan | pangran panêdha kula | yèn dika têmên ing kami | akongkonana | pangran dhatêng Sêmawis ||
14. lah sawawi pangran samya prajangjeyan | dika kalawan mami | sapamundhut di |[63] angladosi kawula | wus titi kang punang tulis | surat rinêmbag | sakathahing bupati ||
15. pan mêngkana rêrêmbagane sadaya | lair mêngsah lan lair | batin katêmênan | iya bênêr turira | alah si mungsuh pribadi | yèn sida duka | kiyai marang mami ||
16. iya bêcik ingadu lawan Wêlănda | rêmbag sadaya sami | anulya nênurat | angsul-angsul [ang...]
--- [f. 189r] ---
[...sul-angsul] wus dadya | Dhangdhangwacana tinuding | dhatêng Sêmarang | sarta ambêkta tulis ||
17. poma aja wêdi-wêdia barênga | mangkat sadina iki | wus winêling sira | wau Dhandhangwacana | anuwun amit ngabêkti | wadya Sêmarang | nuwun amit wotsari ||
18. sampun mangkat sarêng lan Dhangdhangwacana | tan kawarna ing mirgi[64] | prapta ing Sêmarang | panggih upênur suka | surat wus tinampan aglis | kinèn maosa | tan patut ungêl tulis ||
19. anglangkungi dêksura gupênur ngucap | kaprèhe ingkang wêling | kula tan winêkas | sakèhe kawrat surat | upênur anyêntak angling | lir tan rêrasan | lan jalma bêcik anjing ||
20. lawan sira binatang di wismanira | apa ta sira anjing | cèlèng Matesehan | inggih ta kula tuwan | têtiyang saking Mateseh |[65] apa ta sira | binatang anjing dèsi ||
21. inggih tuwan ing kina mangke[66] kinarya | prayayi lurah kami | gupênur sru ngucap | sun tundhung asu desa | muliha ki turna aglis | mring gustinira | binêktan kursi kalih ||
22. bêstul satunggil warnane langkung pelag | lan sanapan[67] satunggil | asae tinampan | upênur amamêkas | matura gustimu ugi | jaluk nagara | kongkonana [kongko...]
--- [f. 189v] ---
[...nana] bupati ||
23. unine layang iki ingong tan arsa | măngsa botêna benjing | matur ing bêndara | iya wis poma-poma | duta mit inggal wus mulih | datan kawarna | marga Barija prapti ||
24. sampun katur lampah polah tingkahira[68] | myang olèh-olèhnèki | katur gustinira | titi tutur wus têlas | ya wis rèrèna dèn aglis | agung kasukan | pangran siyang lan latri ||
25. lan bupati yèn dalu nginum amangan | kalabênan[69] nutugi | miwah babêdhayan | tanapi taledhekan | sakèh kasukan angênting | ingkang abawa | carita patra rêsmi ||
103. Sinom
1. jêng sunan langkung sungkawa | anèng ing Tambar alami | dening datan antuk marga | agitik ing Surabanggi | linud dening gagêring | sêmana sineba prabu | dening sagung bupatya | miwah lêlurah lan mantri | kang prajurit wadya Jipang lagya prapta ||
2. angumpulkên sanakira | Natapura lan kang rayi | ingkang aran Jayèngrana | Sasrawijaya katrining | sumaos karsa aji | samya bêkta rencang agung | sunan arsa anata | wadyabala ngandika ji | pirsakêna hèh sakèhe wadyaningwang ||
3. hèh ya Răngga karsaningwang | wong tatêlu kang anami | Natapura Jayèngrana [Jayèng...]
--- [f. 190r] ---
[...rana] | Sasrawijaya sun paring | sih ngong Jipang nêgari | dèn bagia sun pratêlu | Si Suradimênggala | karia pomahannèki | dadya miji ya anaa ingsun dhawak ||
4. sawab ta iku wong lawas | aja na ngungkul-ungkuli | ing jrêro pasebanira | aja na ngrèhakên kardi | liya ingsun pribadi | maksiha gadhuhanipun | nging tan kêna parentah | wong Jipang kang ngakat kardi | pinarentah iya iku nora kêna ||
5. Mas Răngga nuwun wotsêkar | tanapi para bupati | mituhu nuwun sadaya | kang sumêngka atur bêkti | sumungkêm pada aji | pratăndha antuk sih prabu | susunan wus luwaran | enjingipun gandhèk prapti | ingkang saking Mangkunêgaran ngêndikan ||
6. tanapi para bupatya | prapta sowan ngarsa aji | gandhèk tinap aturira | salampah katur narpati | miwah kang punang tulis | sangking putra katur prabu | binuka punang surat | punika katur kang tulis | sarta ingkang sêmbah bêkti saking ămba ||
7. Pangeran Mangkunêgara | katura dhatêng sang aji | sampuning kadya punika | wiyosipun jêng kiyai | paring uning pun dasih | ingkang mungêl surat prabu | prakawis tindak nata | praptèng bumi Surabanggi | desa Tambar asangêt panuwun kula ||
8. kaping kalihe kawula | atur uningèng sang aji | prakawis lampah kwula |[70] lumakyèng ayahan aji | sampun dhatêng nêgari | dalêm Garobogan iku | yun-ayunan lan mêngsah | pun gupênur ing Sêmawis | anèng Gubug nanging nuwun duka nata ||
9. prakawis [praka...]
--- [f. 190v] ---
[...wis] lampah kawula | kados tan tutug sang aji | masisir nglampahi karya | kambêngan gêng jawah uni | margi jêblog asungil | kapal di dalêm kèh lampus | ing mangke tur kawula | anuwun lilah sang aji | wangsul ngrêbat nagari dalêm Mêtaram ||
10. kawarti abdi paduka | Kêdhu Pagêlèn kalindhih | ayun ămba tulungana | tur kawula kang amêsthi | inggih dhatêng Mêtawis | wus titi ngandika prabu | dhatêng para bupatya | lah iku unining tulis | putra mami masthi tulak lampahira ||
11. lah padha sira pikira | prakara ing tindak mami | bêbêcike apa iya | ingsun nulak ture sami | sampun tanggêl sang aji | sakêdhap ngantosan prabu | mênawi antuk marga | jawahipun anêrangi | yèn tan kenging surud tita ba sumăngga ||
12. ing karsa sri naranata | iya sun dhahar turnèki | aluwaran sri narendra | bupati prasamya mulih | wong Jipang dèn dhadhali | dening kang ngakat karyèku | nging kantun wangên nata | nora kaya wus pinêsthi | Suradimênggala sèdhèng tingalira ||
13. angilapi sri narendra | mapan sampun abêdhami | lawan Ki Mataun Jipang | arsa ambalik Kumpêni | mapan sampun prajangji | arsa cidra ing sang prabu | wus kongkon-kinokonan[71] | lêlayangan ganti-ganti | karsaning Ywang wong cidra amanggih papa ||
14. pinasthi dalil Pangeran | ala nora nêmu bêcik | langkung dhêmit kang acidra | pamêlèh Pangeran luwih | kintun
--- [f. 191r] ---
sêrat akikib | dhatêng Tumênggung Mataun | pamêlèh dumadakan | kang surat têka kapanggih | mring Mas Răngga langkung gagêtun tyasira ||
15. satisnane dhatêng kănca | langkung tisna dhatêng gusti | nora si ta kaniaya | jalma cidrane pribadi | wus katur ing narpati | surat cidra ungêlipun | nora age aduka | sunan maklum pinrêm galih | wus alama nuntên wontên duta prapta ||
16. sangking ing Mangkunêgaran | inggih saha mawi tulis | wus katur kangjêng susunan | binuka ungêling tulis | punika sêmbah bêkti | surat katura sang prabu | lan sakèhing bupatya | sêmbah bêkti katur ngaji | kaping kalih tur uninga pêpukuran ||
104. Pangkur
1. kawula sampun anulak | inggih arsa ngrêbat nagri Matawis | mangke kawula sang prabu | pacak baris Barija | angumpulkên abdi paduka sadarum | kalawan atur uninga | wadya paduka sang aji ||
2. Kadhu[72] Bagêlèn karêbat | dening mêngsah abdi dalêm kalindhih | anuwun karsa sang prabu | kalayan tur uninga | pun Wiranata Ranadipura wangsul | abêkti dhatêng narendra | sumungkêm abahan aji ||
3. sampun kawula musahab | wadya kalih langkung dening ngabêkti | kalayan malih turipun | abdi paduka nata | Ranadipura nuwun pakarya prabu |
--- [f. 191v] ---
yèn lêga galih narendra | anuwun ing Sokawati ||
4. nadyan palihan martiga | nuwun miji kaabdèkna pribadi | sampun kaprentah lyanipun | mungna nata lan ămba | nadyan botên kalilan nuwun sadarum | nanging pêndhêmnya kewala | ingkang dipun kalesodi ||
5. asangêt panuwun kula | mala dhatêng kawula kang nyanggupi | ngengingakên pêndhêmipun | mangke sangêt bêktinya | sampun titi angandika jêng sinuwun | lah iku unining layang | Răngga têka ki dipati ||
6. kaya priye mungguh sira | ingong tantun Mas Răngga matur bêkti | sumăngga karsa sang prabu | Sokawati punika | abdi dalêm pun dasih darmi atunggu | sumăngga karsa narendra | ora Răngga kang prayogi ||
7. prakara Ranadipura | panjaluke abangêt kaki mantri | pun dasih ajrih kalangkung | kumawawa tur sêtya | bilih manawi katingal ngabên wuwus | mila sumăngga ing karsa | kawula darmi nglampahi ||
8. yèn sawawi lawan karsa | sampun sapratigan sadaya aji | yèn kaparingkên akumpul | sumăngga karsa nata | tan garantês sarambut pinara pitu | balik kinarsakkên pisah | kadadeyan tan prayogi ||
9. punika lamun kadhahar | yèn tan karsa sumăngga karsa aji | ya uwis kaduga ingsun | aluwaran sang nata | nulya kinèn damêl surat angsul-angsul | sunan [su...]
--- [f. 192r] ---
[...nan] andangu ing wadya | ingsun tan dulu mi-lami ||
10. Si Suraadimênggala | datan seba ingunjukakên sakit | gandhèk kinèn mirsa wau | kalayan tinimbalan | nuwun duka sandi tan bisa lumaku | kalayan têmbunge sugal | mring gandhèk katur sang aji ||
11. kangjêng susunan aduka | Suradimênggala kinèn jarahi | sampun jinarahan wau | ponjène rabinira | kathah wawêran surat saking Mataun | myang sangking Kumpêni kathah | katur sangêt wiku angji[73] ||
12. tinaroskên ukuming Yyang | inggih kisas tiba untung wus mati | enjingipun duta wau | sangking Mangkunêgaran | wus tinundhung binêktan surat sung-angsul | pan uninga kala katrap | tan kawarna lampahnèki ||
13. pan ora antara lama | jawah agêng wêlak kang sangêt malih | kuda jalma kathah lampus | kali bêbêg bêbathang | jêng susunan duk sêmana arsa kundur | sunan nganti tanpa wêkas | adan asuwarèng mantri ||
14. jalma kang sakit sadaya | kinèn ngumpulakên dadi sawiji | wong Jipang kinèn rumuhun | têngga tampinganira | jalma sakit andikakkên ngirid wau | mêdala nêgaranira | aja ngrepoti ing margi ||
15. wus budhal dhingin wong Jipang | jalma sakit kathah pêjah ing margi | kêdhik dhatêng nagri wau | antawise sapasar | enjing muni [mu...]
--- [f. 192v] ---
[...ni] têngara wadya wus kumpul | wadya gung alit gumêrah | wus budhal wadya pangarsi ||
16. sakathah măncanêgara | anging kantun nyaosi tundhannèki | bupati mangkat sadarum | nulya wadya jro budhal | Suranata wingking aprayitnèng kewuh | wus lêpas ing lampahira | prapta desa Kabuhlêngkir ||
17. akathah kapal kang pêjah | margi èwêd langkung dening asungil | enjing bubar jawah agung | ing Ujung masanggrahan | dalu susunan gêganjar undha-usuk | kang dasih sapatutira | anulya lêlurah katri ||
18. têtindhih wong Suranata | wong têtiga samya pinaring kêris | inggih Saputratinipun | ki kaji pinaringan | ran Ki Pacar Muhkidin Grising ranipun | Ki Muhyadin pinaringan | Ki Bakul araning kêris ||
19. sarta dhawuhkên timbalan | aja sira tutur kancanirèki | manawa kèh mèrinipun | wus dalu enjing budhal | ngambah rawa satêngahing rawana agung |[74] angêbyak tan nurut marga | wus prapta Dhukuh rannèki ||
20. kèndêl kalangan ing toya | kali banjir tan kêna dèn sabrangi | masanggrahan sang aprabu | wadya kèn damêl sasak | ingantosan masanggrahan anèng Dhukuh | sasakipun sampun dadya | wadya kinèn nyabrang dhingin [dhi...]
--- [f. 193r] ---
[...ngin] ||
21. para bupati anyabrang | myang prajurit abdi dalêm gêng alit | kêdhik ingkang têngga prabu | ana wong kalih dasa | Janapura sarencangira kang kantun | tan nyana toya gêng prapta | kali ladhu tanpa riris ||
22. ingkang saya agêng prapta | angungkuli sasak dinêdêl kèli | toya gêng bèr ing wana gung | sajêmbaring kang alas | dadya rawa buron kabarasat gunung | kantos dhatêng pasanggrahan | kaleban dening kang warih ||
23. samya kawatir ing manah | ingkang nyabrang kalawan ingkang kari | sunan sapêkên nèng ngriku | inganti nora asat | tan ajawah toya kang saya gêng rawuh | nulya wadya ingkang nyabrang | takiyar samya ngulari ||
24. angumpulakên baita | sampun antuk ngilirakên tumuli | prapta sabrangan wus katur | dhumatêng jêng susunan | adan tindak sawadya garwa sang prabu | angêbyak samarga-marga | tan katawis dening warih ||
25. prapta satêpining toya | dan jumênêng kangjêng sri narapati | para yayi samya kumpul | adan sri naranata | ingkang wadya kinèn anyabrang sadarum | anging Lurah Suranata | wau ingkang kinèn kari ||
26. wong nyabrang tan kêna ngampah | rêrêbutan prasamya andhingini | tunjang-tinunjang parau | kang baita asarat [asa...]
--- [f. 193v] ---
[...rat] | nulya kèrêm wontên satêngahing ranu | jalma kuda ting karambang | dandanan kèh kèlêm warih ||
27. kathah jalma kuda pêjah | kang sawênèh kasangsang anèng pigir | pating barêngèk karungu | tangis jalma wurahan | ana ilang tan kantênan jisimipun | kang pêjah anèng ing wana | kudhadhangan[75] dèn ulari ||
105. Dhandhanggula
1. jêng susunan angandika aris | sarupèng wadya kinèn agantya | tuhu ratu sih balane | sampun nyabrang sadarum | anging Suranata kang kari | gya ngandikakkên nyabrang | wus têlas sadarum | dyan nyabrang sunan lan garwa | prapta pinggir udan drês awor lan angin | sop kali buh mangsanya ||
2. plas sirna kadi ilinya lami | dalil kadir sipating Pangeran | sop toya kanyatahane | Kadêmangan wus rawuh | masanggrahan sawadya aji | sunan rêrêb rong dina | enjing bubar daut | prapta Ngêblêg masanggrahan | tigang dintên enjing budhal sang narpati | Barêbêg masanggrahan ||
3. enjing laju masanggrahan aji | têngah wona injingipun tindak | Caruban pasanggrahane | enjing budhal wus rawuh | ing Madiun rêrêb sang aji | sinewakèng ing bala | bupati tumênggung | mantri-mantri myang lêlurah | angandika susunan hèh wadya mami | pirsakêna sadaya ||
4. Ki Dipati Anom putra mami | alungguha Madiun nêgara | dening kang amongmong
--- [f. 194r] ---
mangke | Si Purwanêgarèku | kang gumanti bapakirèki | kakang Mangkudipura | Martalaya iku | anake ya gumantia | nèng Madiun rumêksaa putra mami | nuwun kabèh wotsêkar ||
5. lan maninge Răngga karsa mami | sakancanira padha muliha | iya mupung lêgan gawe | sandika awotsantun | Jawinata Janapurèki | muliha mring Mataram | kancamu sadarum | măngsa bodhoa ta sira | lan wong Gadhing apa saadate lami | padha sira wêtokna ||
6. Jawinata Janapura bêkti | sampun uning saadate kina | miwah wadyaningsun kabèh | prajurit ngong sadarum | lamun mulih ingsun lilani | mêtonana desanya | dhèwèk-dhèwèkipun | besuk balia barênga | Jawinata ki pangulu nuwun mulih | Suranata Martăngga ||
7. wus luwaran kangjêng sri bupati | kang sewaka bubaran sadaya | praptèng pondhok dangdan kabèh | enjing bubar kang mantuk | Ki Mas Răngga mring Sokawati | sakancane sadaya | Jawinata mantuk | Janapura mring Mataram | kèh kang nunut binêktanan punang tulis | dhawah dhatêng kang putra ||
8. Pangran Mangkunêgara Dipati | kunêng kocapa sri naranata | lami nèng Madiun rajèng | anggung kasukan prabu | babêdhayan siyang lan latri | sêmana sri narendra | arsa tindak prabu | dhumatêng ing Ponaraga | asuwarèng wadyabala agêng alit | enjing [e...]
--- [f. 194v] ---
[...njing] têngara munya ||
9. wadya gung sampun samya miranti | sabusananira ing ayuda | tan kêna ewah tatane | langkung prayitnèng kewuh | wus angrasuk busana aji | kapraboning ayuda | jêng sunan wus daut | budhal sawadya gung samya | tan kawarna ngênu carita wus prapti | nagri ing Ponaraga ||
10. sunan ngadhaton wadya miranti | wus alama wong cili pan eca | pasar gêng mulih kinane | mulya kadya duk dangu | karta-karti ing Ponaragi | mulya gêmah raharja | dan wong Jipang rawuh | angaturakên Wêlănda | nging satunggil sigêgên ingkang winuni | Pangran Mangkunêgara ||
11. ing Barija kasukan nutugi | kalangênan kasukan tledhekan | amangan nginum gawene | wayang wong prawa iku | kalangênan dening nglangkungi | gumêdêr dalu siyang | ri sêdhênge wau | pinarak ngayap kang wadya | nulya wontên duta prapta wau sangking | Pangeran Purubaya ||
12. duta matur saha awotsari | kula ngutus pun paman tur wikan | mangke kalindhih pêrange | gusti anuwun bantu | angandika pangeran aris | lah matura si paman | ja tiwas yèn purun | yèn tan wani lah matura | konên mrene ngong turi tunggal mami |[76] kasaru duta prapta ||
13. saking Pangran Sêcaningrat uni | arsa
--- [f. 195r] ---
têluk dhumatêng susunan | wus katampan mulih age | duta Purbayan mantuk | enjing Radyan Janingrat prapti | wus panggih lan pangeran | tinakonan wau | tinutur sapolahira | nulya lajêng kasukan anutug latri | wus wanuh aluwaran ||
14. antawis tigang dina dyan prapti | Pangran Sêcaningrat wus kapanggya | Pangran Mangkunêgara ge | bupati kabèh kumpul | pangran langkung suka kang galih | lajêng nginum amangan | ingkang rama wau | tinakèn winor pagoywan | mara sêmu kinasohkên rama uni | kathahên sakiting tyas ||
15. samya bubar nuntên duta prapti | ingkang asowan kala nèng Tambar | sang duta nêmbah ature | gusti kula kautus | sampun dhatêng ngarsaning aji | wus tinutur sadaya | sauninganipun | nulya sêrat tinampanan | duk binuka surat winaos tumuli | pèngêt ki layang ingwang ||
16. sarta salam donganingsun kaki | dhawuha kulup marang ing sira | lan sakèh bupati kabèh | sawus dhawuh putrèngsun | iki lire ta surat mami | sira atur uninga | Wiranata iku | karo Si Ranadipura | bêkti maning ya ingsun tarima kaki | dening Ranadipura ||
17. sira suwunakên pêndhêmnèki | sarta pisahe gawene iya | sun lilani panuwune | nging sun pundhut [pu...]
--- [f. 195v] ---
[...ndhut] putrèngsun | ya Si Ranadipura kaki | ingsun asta piyambak | ja watir ing kalbu | dadia wong jro nugala[77] | lawan bocah inggun[78] kang Kapilih kaki | aja watir ing manah ||
18. manawa jaga kayun tanapi | sira kaki duwe rangkêp manah | ataha pikirmu mangke | tan pisan-pisan ingsun | pasêmone duwe jar kalih | ya saunining layang | kaki wantahipun | yèn wis lêga atinira | sebakêna Si Ranadipura kaki | aja watir atinya ||
19. prakara pêndhême wus amêsthi | pirabara bisa luwihêna | têka pênjaluke make | surat dalêm wus putus | Jêng Pangeran Mangkunêgari | sawuse maca surat | pangran kèndêl dangu | langkung èwêd ingkang manah | ingaturna wau saungêling tulis | warti bok pinêjahan ||
20. abela-bela pangran ing galih | tan pracaya dhumatêng kang rama | sunan kèh pangandikane | surat dalêm ngêlipun | pan balaka datan ginalih | narka bujuk kewala | tan eca ing kalbu | awêkasan botên êsah | samya pinikir nêngêna kang winuni | kang abaris ing ngarsa ||
21. bên dina prang yudane kalindhih | sakèh tumênggung pangran miyarsa | baris ngarsa kawon prange | pangeran arsa tulung | wus adangdan têngara muni | arsa dhatêng Mêtaram | bubar kabèh daut | sawadya sah sing Barija | lampah ngilèn Pajagalan [Paja...]
--- [f. 196r] ---
[...galan] dèn pondhoki | enjing pangeran budhal ||
22. tan kawarna Dêmak Ijo prapti | Kalibayêm pasanggrahanira | mêngsah Kumpêni barise | Panggondhangan[79] gènipun | antawise pan kalih latri | pangeran rêrêmbagan | lan para tumênggung | banjêl dhatêng Pagondhangan | sampun rêmbag bubar sadaya wus mulih | enjing kumpul kasmaran ||
106. Asmaradana
1. têngara budhal kang baris | banjêl dhatêng Pagondhangan | sarupane daut kabèh | Kumpêni uning wus mêdal | dyan campuh ingkang yuda | langkung rame tarungipun | mêngsah Kumpêni kuciwa ||
2. pondhoke dipun abongi | kasaput dalu kang yuda | wus mundur kabèh barise | mêngsah Têrayêm pan wikan | arsa tulung ing yuda | salatri dangdan gumuruh | karsanira mulih lawan ||
3. enjinge campuh kang jurit | langkung rame dènnya aprang | gumêrah bêdhil swarane | sapih dalu ingkang yuda | nora nana kang kalah | samya mantuk pondhokipun | pangeran arêrêmbagan ||
4. sakathahe kang bupati | Pangran Madiun tur wikan | kawula tur uninga gèr | dhumatênga ing sampeyan | di dalêm wontên prapta | nagri Madiun pinundhut | pinaringkên rayi tuwan ||
5. kangjêng pangeran dipati | kang momong Purwanêgara | pangran [pang...]
--- [f. 196v] ---
[...ran] arêngu dêlinge | iku priye karsanira | ingsun nora kaduga | têka bênêr wartinipun | si paman Pugêr Dipatya ||
6. kalangkung dados kang galih | kasaru kang duta prapta | Jayawinata kalihe | Janapura sakancanya | surat dalêm winaca | pèngêt ingsun |[80] sarta salam donganingwang ||
7. dhawuha sira nak mami | lan sakathahing bupatya | iki lire layang ingong | sun paring idhêp mring sira | sun kondur têka Tambar | mêngko nèng nagri Madiun | lawan maning putraningwang ||
8. prakara Jawinatèki | Janapura sakancanya | tanapi Majêgan kabèh | lakune bodho pa sira | pangeran angandika | dhumatêng para tumênggung | yèn mêngkono karsaningwang ||
9. ngong mundur Barija malih | anulya prasami bubar | Jawinata panuwune | kantun badhe angumpulna | paosipun Mêtaram | kalilan Jawinatèku | pangran mondhok Pajagalan ||
10. Măndraka Wiradigdèki | mundur lan Suryanêgara | samya gêgêtun galihe | mirsa karsaning pangeran | priye dadine benjang | jêng kilingan pondhokipun | Tumênggung Jayawinata ||
11. Janapura pondhoknèki | samya anèng Madegănda | kocapa pangeran mangke | wus prapta baris Barija | atata [ata...]
--- [f. 197r] ---
[...ta] pamondhokan | pangran ngundang pra tumênggung | sarta matêdhani surat ||
12. Pangran Diwijaya iki | ingaturan de kang putra | Wirawidigda malihe | Ki Tumênggung Măndaraka | Radyan Suryanêgara | adan lumampah sadarum | samya dhatêng ing Barija ||
13. Pangran Diwijaya uni | pan kapêthuk lan kang putra | kang nèng ing Jimbung parnahe | anulya samya rêmbagan | kang rama lan kang putra | kathah-kathah aturipun | amrih sura ing narendra ||
14. wus winêdhar karsanèki | Pangeran Mangkunêgara | pan têlas karsane kabèh | lair batinnya sadaya | lair katur dhatêng kang rama |[81] pinrih suraa ing prabu | langkung sangêt aturira ||
15. Pangran Diwijaya uni | langkung èwêd galihira | dening ta padha tisnane | mungguh kadang lawan putra | anukmèng jroning nala | kapriye ta dadinipun | baya wus karsaning Sukma ||
16. dening ta sawala pikir | enak kalawan wong tuwa | tan bisa nglakoni ingong | anulya mupus ing nala | kadang lan kaponakan | pasthi awrat ing sang prabu | dening ta dèrèng tumindak ||
17. yèn kêna sun pituturi | putraningsun ki dipatya | eman têmên kawignyane | mendahe guyuning jalma | dening mêngsah wong tuwa | bungah
--- [f. 197v] ---
bae kang andulu | aluwung gula kintara ||
107. Dhandhanggula
1. Pangran Mangkunêgara ngabêkti | aturira dhumatêng kang rama | wus puwas pangran karsane | kang rama aris muwus | ki dipati yèn tari kami | dahat kula tan rêmbag | akathah liripun | sanepa sasi lan surya | para sasi sunan surya ingkang adi | kucêm eram tumingal ||
2. marang ujyalaning punang rawi | sunan kadi surya langkung padhang | luwih norana alane | kadi punapa iku | dika sura sun anak mami | kênaa tan kênaa | aja putraningsun | kêna pangaduning corah | sakathahe inggih ugi lagi warti | ngong andugi yèn dora ||
3. kadipundi ta ki adipati | ugyanira mungsuh rama dika | lirna uga ingong dhewe | apa ngandêlkên têguh | prakosanya tanna tandhing |[82] ngabên pragi lwan pupya | myang akantar bau | myang ramanira sang nata | ingsun iki akucêm merang ningali | mring sunan myang wong liyan ||
4. mandahane kawarta Kumpêni | dening buwah miwah jalma ala | kang asêngit mèsêm kabèh | dening mungsuh sakuthu | yèn tinarka liyaning jalmi | Pangran Mangkunêgara | ènthèng bobotipun | sokura pangran lan yayah | êndi kang kalah jalma lyan bubuh sami | èngêta
--- [f. 198r] ---
ki dipatya ||
5. pangrasa manira ki dipati | yèn tunggala lawan rama dika | mêngsah wuwuha gêdhene | kasăngga têrkaningsun | awuwuha dipun punjuli | padha barênga mara | tan gumingsir ingsun | suka pêjah anèng rana | wus jamake kinêmbulan ing ajurit | tisnaningsun susunan ||
6. lamun dika anak mas dipati | lamun sura rama dika sunan | tri prakara kainane | dhingin amungsuh ratu | kaping kalih wani sudarmi | kaping tri dana rasa | tan pênêd tinêmu | iya dudu kang ayoga | sampun sasat rama dika ingkang syargi | puniku tămpa kula ||
7. samèkna puniki barkat aji | kèringan agêng gêgaman dika | sangking susunan angsale | punapa walêsipun | ingkang êsih sri narapati | purwane dadi wignya | sêkti ambêk sadu | punapa wêwalês dika | dhatêng sunan andika sampun asinggih | amêngku tur kèringan ||
8. kapranan Pangran Mangkunêgari | jroning nala amirsa kang waman[83] | kabèh ing sapituture | wutah lêrês sadarum | nanging isin dipun sasabi | sintên purun pêjaha | inggih sapakantuk | punapa andika paman | purun malang wontên dukane kiyai | gih dika alangêna [alang...]
--- [f. 198v] ---
[...êna] ||
9. adhuh botên kula langkung ajrih | Măndaraka anauri sabda | lêrês rama dika anggèr | dhuh sira sok kumingsun | mohal sira malhur kami |[84] Măndraka têmbungira | ature anuhun | kowe gêlêm asupata | inggih purun pênêde sri narapati | gusti lawan sampeyan ||
10. kula purun gusti anglampahi | padu apa akalmu karenah | Wirawidigda ature | dhuh anggèr gustiningsun | yèn sampeyan sawala pikir | kalawan jêng susunan | pun dasih anuhun | tan sagêd anglampahana | witning-witning ingong ajrah[85] ing pawarti | adrês ingkang kapirsa ||
11. sampun têlas dènira apikir | samya bubar mantuk pondhokira | nora lami antarane | bupati arsa nusul | mring susunan dipun andhêgi | nulya pangran utusan | paring surat wau | Pangeran Adiwijaya | Măndaraka Wiradigda dèn timbali | malih mring Sumarêja ||
12. atanapi Dyan Suryanêgari | miwah Ki Tumênggung Jawinata | samya tinambalan[86] kabèh | Pangran Diwijayèku | nora purun nging kang pêpatih | Mas Tumênggung Ngurawan | wau ingkang tumut | wus prapta ing Sumarêja | rêrêmbagan sadalu dènira pikir | sadaya ingantêpan ||
13. Wiradigda Dyan Suryanêgari | Măndaraka kabèh ingantêpan | katiga ika [i...]
--- [f. 199r] ---
[...ka] lampahe | arsa nusul sinuhun | datan suka dipun andhêgi | pinrih ganawe[87] tampar | lamun sida nusul | kathah-kathah aturira | wong têtiga sadaya kantos anangis | nuntên Ki Jagalatan ||
14. kinèn sowan kang rama tumuli | sampun bubar dènira rêmbagan | bupati bubar enjinge | pangeran kang dèn susul | nora gêlêm samya abali | dhatêng ing Sumarêja | kang para tumênggung | Jagalatan wus kapanggya | lan Pangeran Adiwijaya ing nguni | anuwun rêmbagira ||
15. de kang putra amaksa kang kapti | lamun arsa amungsuh kang rama | pangran kalangkung susahe | dhingin ingong tan rêmbug | pinikiran pan ora kêni | wis ta ingong anulak | pangran ngilèn sampun | wus abali Jagalatan | Prangran[88] Adiwijaya nungkak kang rayi | sultan ban[89] lampahnya |[90]|
16. manah anglalu kaku kang galih | mituturi putra tan dhinahar | linampuskên sarirane | susunan kang kaetung | kaya priye ta yayi aji | sarira wus karasa | adhuh kadang ingsun | apisah lawan pun kakang | Sultan Bantên kacandhak wontên ing Gadhing | lami apirêmbagan ||
17. Sultan Bantên ika suka pikir | arsa nêlukakên wong Toyamas | ingkang dinamêl [dina...]
--- [f. 199v] ---
[...mêl] wawrate | pun Mangkudirja iku | lawan Suradilaga uni | ing Gawong wismanira | ika karsanipun | Pangeran Adiwijaya | têka nurut enjing budhal sangking Gadhing | mêdal kilèn Paraga ||
18. mêdal ing Langon mangilèn sami | sigêg lampahipun jêng pangeran | kocapa Kumpêni mangke | Têrayêm mirsa tutur | pangran lawan sultan abali | mangilèn sarowangnya | wingi lampahipun | Kumpêni nulya adangdan | kang nindhihi Kumpêni inggih kêkalih | Èsting Mèlèr Hèrsungrat ||
19. lan Wiradigda Wiragunèki | wong Mêtaram Ki Surajênggala | wus bubar ngungsi lampahe | pangeran kang winuwus | alêlampah lawan kang rayi | ing Lêlangon wus prapta | amondhok sadalu | jing lumampah sampun prapta | ing Manorèh rêrêb nêlasakên pikir | dyan kasusul lampahnya ||
20. de Kumpêni pangran bubar enjing | tinut wuntat bêdhug sampun prapta | Kaliabo pangran mangke | sadaya samya cucul | kang dangdanan miwah turanggi | sêmana jêng pangeran | arsa siram wau | mring lèpèn nulya kapapag | lan Kumpêni tan nyana pangeran galih | mundur dèn nyana rencang ||
108. Durma
1. sarêng cêlak Kumpêni nulya nyanjata | pangran kagyat ing galih | nyana lamun mêngsah | kapêngkok binêdhilan | kang garwa ningali [ni...]
--- [f. 200r] ---
[...ngali] anjrit | nusulkên kapal | pangran ngaturan nitih ||
2. Kumpêni uninga sangêt pabêdhilnya[91] | angoyok grudug bêdhil | pangeran kabêtah | wus pasrah ing Ywang Sukma | arsa linggar wêd kang rayi | pangeran arsa | nitih kang garwa anjrit ||
3. pangran ngamuk kathahên mimis tan pasah | nuntak ludira mijil | Sultan Bantên ngrêbat | lawan wong Diwijayan | wus nginggahakên turanggi | Kumpêni wikan | awas dènnya ningali ||
4. Sultan Bantên dèn incih nulya lumajar | binujung ing Kumpêni | kacandhak anulya | ngamuk pinarêbatan | kewran wus lumajar malih | tanbuh parannya | mawur kang bala alit ||
5. sowang-sowang wus sinapih punang yuda | mondhok wadya Kumpêni | enjing sampun bubar | bali Trayêm Wêlănda | pangeran ingkang winuni | wus karsaning Ywang | rêmpu sampun pinêsthi ||
6. praptèng ajal mantuk rahmating Pangeran | sinare ing Magiri | kang putra kapisah | yayah bibi tan ana | tut wuntat jalma sawiji | nging ponakawan | kusuma kawlasasih ||
7. ngungsi Gowong umpêtan manjing ing wona | kusuma manguntèki | dèn mas kawlasarsa | manjing wona gêrotan | mundhun jurang minggah ngardi | ri bandhil kambah | bondhot kalawan êri ||
8. wontên jalma samya têngga pajagungan | arsa dipun purugi | saking luwenira | sapêkên nora [no...]
--- [f. 200v] ---
[...ra] dhahar | wus cêlak jalma udani | wus kamelikan | jalma durakèng gusti ||
9. radèn êmas pinêndhêtan darbèkira | sinungakên prasami | nanging dhuwungira | radèn mas nora suka | dipun palaur ngêmasi | dèn mas ngandika | dhatêng tiyang ing nguni ||
10. alah paman yèn ana kawlasanira | rika atêrna kami | mring Gawong ya paman | duwèkku rika pèka | anging aja kêris mami | dahat tan suka | batur matia urip ||
11. iku kabèh duwèk riki rika pèka | nulya dipun sagahi | bêkta wong sêsanga | ngatêrkên samya rêmbag | sarêng dhumatêng ing ardi | jalma sêsanga | nèng marga yun mêjahi ||
12. sampun rêmbag dèn mas arsa pinêjahan | parmaning Yang Kang Luwih | dèn mas wus uninga | sinung osik Pangeran | dèn mas nulya andhingini | sinuduk tatas | lambung kanan kang kêni ||
13. sampun bubar jalma sasong lumayya |[92] wiwrin aniba tangi | nanging dhuwungira | katut pan lajêng ical | nuntên dèn mas wangsul malih | lumêbèng wana | kasmaran brăngta kikin ||
109. Asmaradana
1. dèn mas langkung kawlasasih | wontên salêbêting wona | baya ta dadi tapane | nora dhahar tanpa nendra | nêngna ingkang kocapa | Mungkudirja[93] kang winuwus | Gawong Ki Suradilaga ||
2. pan sampun amirsa warti |
--- [f. 201r] ---
yèn gustinira pan tiwas | arêrêmbagan kalihe | arsa nusul wus lumampah | kapêthuk Mas Irawan | Ki Mangkudirja puniku | kalawan Suradilaga ||
3. winartanan sira kalih | kalamun ta radèn êmas | ical tanbuh pêparane | sawawi sami rinarah | anuntên sami kesah | radèn êmas wus kapangguh | wontên ing bumi Ngaliyan ||
4. wontên satêngah wanadri | dèn mas samya tinangisan | karantan-rantan sambate | nulya dèn mas ingaturan | mantuk dhatêng ing wisma | Lèpèn Lusi aranipun | Sultan Bantên kang winarna ||
5. kalunta lampahirèki | dhatêng Bagêlèn parannya | nunggil Pangran Purbayane | lami datan olih rêmbag | mring Gawong lampahira | radèn mas ajêng rinêbut | ginawe lèh-olèh benjang ||
6. mantuk mring Bantên nêgari | dèn mas jinaluk tara gya | dhatêng Kartadirja mangke | sinungkên nora anyana | yèn akale culika | dèn mas pan binêkta sampun | wontên Bagal cinarita ||
7. jalma tapa pucuk ngardi | Rawacacing gunungira | ingkang atapa arane | Mas Anggèr jêjulukira | punika sampun mirsa | yèn wontên kusuma luhung | Sultan Bantên kang abêkta ||
8. Mas Anggèr tumurun aglis | sing ardi patapanira | wong kawan dasa rowange | Sultan Bantên [Bantê...]
--- [f. 201v] ---
[...n] wus pinapag | wontên ing Kalibawang | dèn mas wus kêni rinêbut | dening Mas Anggèr sêmana ||
9. dan binêkta sira aglis | dhatêng ing patapanira | nèng arga lêlama mangke | tinimbalan ingkang raka | Pangran Mangkunêgara | mring Gawong binêkta sampun | dhumatêng wau kang paman ||
10. Pangeran Purbaya uni | wus binêkta mring Barija | Pangran Purbaya lampahe | wus panggih lawan kang putra | Pangran Mangkunêgara | atanya sampun tinutur | kalangkung ngungun galihnya ||
11. bramatyanira kapati | sasedane ingkang rama | ayun malês sakarsane | kapalang tan olèh rêmbag | sigêgên kang winarna | kang nèng Ponaraga prabu | tansah amanggung sungkawa ||
12. amirsa warta wadya ji | Sindusastra aturira | Ranawijaya kalihe | wong roro pan lagya prapta | susah saking Barija | gêgadhuhane pinundhut | di dalêm Gadhing sadaya ||
13. lan dèn aniaya uni | Sindusêstra rabinira | pinêndhêt Janapurane | mila ture kathah-kathah | tingkang[94] polahing wadya | tanapi Pangeran Mangku- | nêgara suda bêktinya ||
14. dhumatêng sri narapati | di dalêm kinait samya | kinèn supata karsane | pinrih puruna sang nata | guyuba aturira | kagyat tan sipi sang prabu | nanging taksih sinatêngah ||
15. bilih tur jalma tan nyukti[95] | sawab semahipun [semahi...]
--- [f. 202r] ---
[...pun] ilang | angadoni wiku rajèng | mila tan angandêl corah | ayun wikana dhawak | tan angandêl ing wadyèku | lan Sindusastra dinuta ||
16. kinèn ngaturi udani | lamun ingka raka seda | Pangran Diwijaya mangke | kagyat sunan tan ngartika | nukmèng tigang pandurat | dhuh kakang mas kangên ingsun | nora ngimpi nora nyana ||
17. lamun dhumatêng ing lalis | mendah aja sun wêkasa | anênggak-nênggak sang rajèng | sinamur-samun[96] ngandika | dangu purwa wêsana | yèn mêngkono kangmas nglalu | pitutur nora pinirsa ||
18. kathah aturirèng aji | dhatêng ing Radyan Janingrat | miwah kang rayi dhatênge | nama Pangran Sêcaningrat | sing Sala bêkti nata | miwah kang rayi sadarum | pêpak kumpul ing Barija ||
19. miwah kang para bupati | wus katur kumpul sadaya | wus têlas luwaran rajèng | sunan lajêng rêrêmbagan | lan Dyan Natawijaya | lurah Suranata têlu | Muhidin Muhyadin rannya ||
20. lan Ki Kaji Têpsirodin | ingkang karsa jêng susunan | Radèn Janingrat ing mangke | kalawan kang rayi pangran | kang nama Sêcaningrat | kalih punika pinundhut | dhatênge ing Ponaraga ||
21. lan kariyin paring tulis | amundhut Ranadipura | mangke tanna wêkasane | lêga atawa oraa | kang tinaros [tina...]
--- [f. 202v] ---
[...ros] arêmbag | nulya Muhyadin ingutus | damêl surat wus winêkas ||
22. sakarsanira sang aji | sarta kinèn rêrêmbagan | lan Sindusastra unine | aprakara surat nata | layan kinèn dhawuhna | yèn Sindusastra kautus | lawan Ki Ranawijaya ||
23. kinèn dandana tumuli | enjang wus kalilan mangkat | nora susah katur ngrajèng | wus putus wêling narendra | Ki Muhyadin lumampah | aluwaran sang aprabu | kang sowan mijil sadaya ||
110. Mijil
1. Muhyadin Sindusastra kapanggih | sadalu wus dados | punang surat ingêcapan age | enjing budhal prayayi kêkalih | tan kawarna margi | Barija wus rawuh ||
2. wus panggih Pangran Mangkunêgari | timbalan sang katong | kang kariyin salam donga rajèng | lan rama ji matêdhani tulis | tinampan tumuli | pangran maos gupuh ||
3. pèngêt iki layang ingsun kaki | lan salam donga ngong | kaki dhawuha sira wiyose | prakara pamanira Dipati | Jayaningrat uni | lawan ariningsun ||
4. Ki Sêcaningrat sun pundhut kaki | sebaa maring ngong | mring Ponaraga langkung onênge | ingsun age arsa apêpanggih | lakokna tumuli | lan maning putrèngsun ||
5. dhingin putra ngong sun paring tulis |
--- [f. 203r] ---
aprakara kang wong | bêkti loro ingkang têluk mangke | Ranadipura sun pundhut kaki | ja taha sirèki | bok wêdi maring sun ||
6. ingsun nora pisan anyidrani | tanggungên putra ngong | aja walang driya kaki mangke | bocah ingsun ngong duta kêkalih | yèn tan ngandêl tulis | bocah loro nanggung ||
7. iya kaki aturira kami | masthi nurut ingong | mulane sun pundhut iku mangke | Si Ranadipura karsa mami | ingsun gawe mantri | nugala bocah sun ||
8. wong Kapilih pêndhême ja watir | wus ngapura ingong | alane mring mami sakèhane | jamak wong ngawula ala bêcik | wus titi kang tulis | pangran èwêd kalbu ||
9. ngandika mring sakèh pra bupati | sanak-sanak ingong | kaya priye kiyai karsane | tan anduga ingong karsa aji | lan kyai nimbali | si paman kang tundhuk ||
10. paman Sêcaningrat lawan maning | man Janingrat mangko | lan Si Ranadipura maninge | mung iku ewuhe ati mami | Ranadipurèki | ingong kang ananggung ||
11. yèn tumêkaa lara lan pati | bangêt ujar ingong | uga nuli ngong turna sang rajèng | têkèng têmah nêmu larapati | dumadya wak mami | utang pêjah nganggur ||
12. sadaya matur sakèh bupati | jumurung turnya wong | kadi botên tumêka karsane | kadi
--- [f. 203v] ---
kawatiripun jêng gusti | sadaya ngrêmbagi | sakèh kang dèn tantun ||
13. Ranadipura sebaa ngaji | kadi nora awon | Janapura nauri sabdane | ingong badhe katiwasan benjing | dhuh anggèr tur mami | amlas lamun lampus ||
14. sumăngsa seba anuli mati | gusti atur ingong | kula uga kang sampun wruh mangko |[97] anging sampeyan dèn kukuh gusti | rêmbage wus masthi | yèn sowan sang prabu ||
15. Ranadipura sampun amasthi | wus wruh rêmbag ingong | arsa ginawe lesaning rajèng | Janapura kathah aturnèki | Ranadipurèki | winarahan asru ||
16. poma aja purun seba ngaji | bangêt atur ingong | nadyan anaa pangran karsane | sira dhepok atur pati urip | babot[98] lawan tangting | ana sira iku ||
17. jêng pangeran ya darma punapi | pangran ngandika lon | yèn mêngkono ngong tan suka mangke | aprakara Ranadipurèki | dening paman kalih | iya karsaningsun ||
18. sumăngga ing karsane kiyai | inggih karsaningong | paman kalih sebaa sang rajèng | di dalêm sakèhe sun lilani | kajaba bupati | sebaa sang prabu ||
19. pangran wus kêna pangabên juti | Janapura mangko | saature iku garoh kabèh [ka...]
--- [f. 204r] ---
[...bèh] | nora nana têmêne sadhidhik | tan măntra sang aji | kaya aturipun ||
20. ki pangulu martăngga pun Kênthi | sadaya tinaros | datan arsa nusula ature | miwah sadaya ature sami | ron kamal tinari | sami aturipun ||
1 | Jawa. (kembali) |
2 | ngunandika. (kembali) |
3 | angumpulakên. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: angumpulakên kang wadya. (kembali) |
5 | Kurang tiga suku kata: miwah sira Si Kudanawarsa. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: kadar raja andika gusti. (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata: samirsa kawula anggèr. (kembali) |
8 | payo. (kembali) |
9 | kon. (kembali) |
10 | tan. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: abusêkan kawarnaa enjing. (kembali) |
12 | măncanêgara. (kembali) |
13 | Kurang dua suku kata: gaman măncanêgara untabe. (kembali) |
14 | Martalulut. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: kalih aran Kiyai Sêngkali. (kembali) |
16 | liring. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: sawêngi injing bubar. (kembali) |
18 | jalwèstri. (kembali) |
19 | panunggule. (kembali) |
20 | isthane. (kembali) |
21 | horêg. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: sira Wiranêgara dèn age. (kembali) |
23 | abukuh. (kembali) |
24 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
25 | miwiti. (kembali) |
26 | Kurang satu suku kata: atap andhèr sang aprabu. (kembali) |
27 | Surabanggi. (kembali) |
28 | tongtonan. (kembali) |
29 | anganti. (kembali) |
30 | Kurang dua suku kata: yèn anglangkungana saking. (kembali) |
31 | sun (dan di tempat lain). (kembali) |
32 | abangêt. (kembali) |
33 | akasa. (kembali) |
34 | Lebih satu suku kata: Pangran Giri prakawis lampah niki. (kembali) |
35 | ngamandaka (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
36 | Lebih tiga suku kata: ing saantukipun kados kadugi. (kembali) |
37 | bupati. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata: Wiranêgara utusan lan tulis. (kembali) |
39 | Kurang satu suku kata: kaatura dhumatêng sri bupati. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: Wiranêgara samêngko ana ngêndi. (kembali) |
41 | bobotipun. (kembali) |
42 | saking (dan di tempat lain). (kembali) |
43 | cawis. (kembali) |
44 | arsa. (kembali) |
45 | anindhihi. (kembali) |
46 | ngrudatin. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: udan drês pracalita nêlahi. (kembali) |
48 | kondur. (kembali) |
49 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
50 | Lebih satu suku kata: dungkap babadan apadhang. (kembali) |
51 | pasisir. (kembali) |
52 | sanggup. (kembali) |
53 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu cecak. (kembali) |
54 | Biasanya guru lagu a: kula. (kembali) |
55 | dhewe. (kembali) |
56 | dhewe. (kembali) |
57 | mangidul. (kembali) |
58 | Lebih satu suku kata: enjing sampun malih budhal. (kembali) |
59 | gènira. (kembali) |
60 | nênêlukkên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
61 | Lebih satu suku kata: kang nèng Karasak mêdal ing Kapangenan. (kembali) |
62 | pan. (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: sapamundhut dika. (kembali) |
64 | margi. (kembali) |
65 | Biasanya guru lagu i: Matesih. (kembali) |
66 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
67 | sênapan. (kembali) |
68 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
69 | kalangênan. (kembali) |
70 | Kurang satu suku kata: prakawis lampah kawula. (kembali) |
71 | kongkon-kinongkonan. (kembali) |
72 | Kêdhu. (kembali) |
73 | aji. (kembali) |
74 | Lebih satu suku kata: ngambah rawa satêngahing wana agung. (kembali) |
75 | kudhangdhangan. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: konên mrene ngong aturi tunggal mami. (kembali) |
77 | nunggala (dan di tempat lain). (kembali) |
78 | ingsun. (kembali) |
79 | Pagondhangan. (kembali) |
80 | Kurang empat suku kata: pèngêt iki layang ingsun. (kembali) |
81 | Lebih dua suku kata: katur dhatêng kang rama. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: prakosanya tan ana tandhing. (kembali) |
83 | paman. (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata: mohal sira malaur kami. (kembali) |
85 | ajrih. (kembali) |
86 | tinimbalan. (kembali) |
87 | ginawe. (kembali) |
88 | Pangran. (kembali) |
89 | Bantên. (kembali) |
90 | Kurang satu suku kata: Sultan Bantên lampahnya. (kembali) |
91 | pambêdhilnya. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: sampun bubar jalma sasonga lumayya. (kembali) |
93 | Mangkudirja. (kembali) |
94 | tingkah. (kembali) |
95 | yukti. (kembali) |
96 | sinamun-samun (dan di tempat lain). (kembali) |
97 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
98 | bobot. (kembali) |