Babad Sultanan, British Library (Add MS 12288), 1809–16, #1017 (Pupuh 111–128)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 204r lanjutan] ---
111. Sinom
1. samyarsa babdi[1] pangeran | anging sira Dêmang Kênthi | kangjêng pangeran tan arsa | ajrih de langên sang aji | kabèh sira tan apti | anusula ing sang prabu | karsanira piyambak | dudu têka ingong ugi | anging Dêmang Kênthi ingong nora arsa ||
2. dening langên sri narendra | abangêt awêdi mami | Dêmang Kênthi lah milua | sandika nêmbah pun Kênthi | nulya bubaran sami | enjingipun kang winuwus | Dèn Janingrat wus dangdan | Pangran Sêcaningrat kari | angantosi kumpule punang têtiyang ||
3. bupati apakumpulan | Dèn Janingrat sampun prapti | apamit dhatêng pangeran | Dyan Janingrat wus winêling | nêlas saraos galih | sawêlinge sampun putus | inggih saking jrih kula | dêdukane jêng kiyai | măngsa borong paman kula apitaya ||
4. kula botên pisan-pisan | yèn sêja purun kiyai | puniku dika uninga | sami karsane pribadi [pri...]
--- [f. 204v] ---
[...badi] | katon kula andhêdhi | kajawi para tumênggung | ngong ajak ngangkat karya | nanging lêlurah ing Gadhing | Sindusastra Ranawijaya kantuna ||
5. dipun iri[2] Janapura | ngumpulna pajêge sami | ingkang andhèrèk andika | bupatine Ponaragi | sampun winêling-wêling | samya kinèn nuli wangsul | wus putus nulya mangkat | pangeran ngandika aris | têka bênêr ature Si Janapura ||
6. kaya priye Wiradigda | lawan man Suryanêgari | Măndraka lan Sindusastra | pan sira wonge kiyai | ala bêcike uni | ing karsa-karsa sang prabu | lah priye karêpira | gonira bêcikên kami | lan kiyai ingong iki kuningana ||
7. ora sêdya pisan-pisan | ingsun wania kiyai | anging wêdi ngong kewala | Si Janapura kang warti | sangêt dukane kami | iku ta priye rêmbugmu | ilanga kang dêduka | lan ingong aja awêdi | lawan-lawan saya kandêl dosaningwang ||
8. ingong walèh marang sira | lawase sangu kuwatir | angsal tinimbalan rama | amasthi ngong ngati-ati | pastul alit tan kari | iya ana ngêsak ingsun | nora sêdya wania | dhumatêng kangjêng kiyai | bokmênawa manira dèn kaniya |[3]|
9. tan arsa mati piyambak | iku alane ti mami |
--- [f. 205r] ---
iku priye gon nyirnakna | aja na manah kuwatir | yèn mêngkatêna gusti | ture bupati sadarum | asangêt jrih kawula | botên sagêd anglampahi | lamun anggèr asuwala lan narendra ||
10. anging ta têmên kawula | mila asangêt kula jrih | manawi gusti kawula | katingal ngadon-adoni | sadaya matur bêkti | yèn mêngkatên gustiningsun | kawula nuwun lilah | ngaturi surat mring aji | ungêlipun kunjuka dhatêng sampeyan ||
11. nora tutug agupita | kasaru na duta prapti | sing Sêmarang bêkta surat | upênur ingkang akirim | kabêkta kuli-kuli | mantri Sêmarang kang tumut | wus katur ing pangeran | dan winaos punang tulis | pèngêt surat pratăndha tulus suci tyas ||
12. sarta tabe kathah-kathah | saking Gupênur Sêmawis | dhatênga sudaraningwang | Pangeran Mangkunêgari | sampun kadya puniki | wiyose pangran tur ingsun | prakara rama dika | sampun kawatir ing galih | katêmua ing kula nêngguh ramendra ||
13. pangeran atur kawula | andika rêbut nêgari | yèn têmên-têmên andika | ya utusana bupati | dhatêng nagri Sêmawis | ingkang prayoga amuwus | wus titi punang surat | Pangeran Mangkunêgari | rêrêmbagan rêmbage para bupatya ||
14. tinurutan punang surat | Janapura kang nyanggupi | sadaya sampun arêmbag |
--- [f. 205v] ---
Janapura kang tinuding | lawan mantri sawiji | Sura Mangunjaya iku | Janapura asuka | liwat lêgane kang ati | sampun tanggêl wasisan atur kawula ||
15. sampun matanggung ing lampah | kula dadi kuli-kuli | cingcing têlês gustiningwang | sampun ginawanan tulis | enjing budhal tumuli | datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Sêmarang | pinêthuk ing reta uni | Paterongan praptèng laji pêpungkuran ||
112. Pangkur
1. sakêlangkung urmatira | mring Ki Janapura kalawan malih | Sura Mangunjaya iku | gupênur wus kapêdhak | surat tinampanan kinèn maos gupuh | pèngêt kang surat pratăndha | tulus iklas ati suci ||
2. sarta tabe kathah-kathah | sangking Kangjêng Pangeran Adipati | Mangkunêgara jêjuluk | Senapati Ngayuda | Anglêlana Jayaparusa waniku | dhatênga sudaraningwang | Tuwan Gupênur Sêmawis ||
3. sampuning kadya punika | wiyosipun tur ngong sudara mami | yèn dika têmên sih mring sun | sarju têmên prasanak | lawan kula kang padha têmên ing prabu | bapak dêlèr atur ingwang | sampun rungunên ing jalmi ||
4. ujaring wong kathah-kathah | dika kemawon lan kula anyampuni |[4] kadipundi pun gupênur | prajangjiyan andika | lawan kula dening bab kiyai iku |
--- [f. 206r] ---
sampun kawatir ing manah | yèn dika tan ngandêl kami ||
5. maido dawêg andika | tindhihana kula prang lan kiyai | sampun titi suratipun | gupênur suka-suka | ngraos dados angsale angadu-adu | Janapura Mangunjaya | lajêng sinêgah ing laji ||
6. nutugi nginum amangan | suka-suka nuntên gupênur angling | kapriye pangran karsèku | bab kang rayi sadaya | mêngko padha wis ana kene sadarum | anggawa ing layonira | ingkang rama nèng Sêmawis ||
7. kaya priye karsanira | Janapura Mangunjaya nauri | tuwan apênêd kalangkung | dening karuwun dika | tuwan botên bêbeja putra dikèku | sayêkti manah kawula | dèrèng sakaca[5] mênawi ||
8. andika norana prapta | mêngko ingsun wus enak ingkang ati | kowe mangkata ing besuk | Sênèn padha muliha | sira kalih ja garoh lan sun kêkintun | dhumatêng kangjêng pangeran | Ki Janapura nauri ||
9. inggih sampun gêgorohan | sinungakên kêkirimira uni | baludrune kawan pupus | kastop sapupus lawan | sakêlat[6] jêne sapak mori sakayuh | iki hèr mawar nêmbêlas | lawan pastule sasupit ||
10. lawan jam muni piyambak | iki
--- [f. 206v] ---
sêmprong lan kakèlèr sapêthi | lan arak sawarnanipun | iki sira piyambak | baludru nyapupus ya pasangon ingsun | pastule nyasupit sewang | dening sakèhing kêkirim ||
11. kang agawa wong Sêmarang | mantri kêkalih ka tumut sira sami |[7] gupênur malih amuwus | lah warahên pangeran | sakalane iya ingong durung wêruh | ing nêgara Surakarta | konên sukan-sukan sami ||
12. sasukane manahira | anayuba lah mangkata tumuli | Janapura bodhol sampun | lan Sura Mangunjaya | tan kawarna baris Japan sampun rawuh | lampahe katur sadaya | sapolah-polah wus ênting ||
13. pangran mirsa aturira | Janapura langkung eca kang galih | pangeran muwus ya ingsun | yèn dèn lilani ingwang | mring si bapak ya sakarsa-karsaningsun | Janapura matur nêmbah | inggih gusti dèn lilani ||
14. yèn mêngkone karsaningwang | besuk bakda padha adêgna mami | iya jênêngêna ratu | umatur Janapura | myang sadaya pan sandika aturipun | wus bubar gênti winarna | jêng sunan nèng Ponaragi ||
15. sampun mirsa wartanira | yèn bupati sadaya dèn andhêgi | wong alit miwah wong agung | nora kêna nusula [nusu...]
--- [f. 207r] ---
[...la] | lamun maksa pinêjahan wartinipun | gumarêgêt sri narendra | pangran sangêt beka ngaji ||
16. sampun mênggah jêng susunan | nadyan wong tapa bineka[8] tan kuwawi |[9] kang saya wiku sinuwun | kalangan ing antara | Dèn Janingrat prapta dene rencangipun | bupatine Ponaraga | katur tinimbalan prapti ||
17. parêk ingawe ing nata | nulya majêng saha samya wotsari | sumungkêm ngusapi lêbu | anêmbah ing suku sang | Bupati Ponaraga ganti angujung | sumukêm[10] pada suku sang | langkung suka sri bupati ||
18. kang manah kalangkung lêga | jêng susunan sadhatênge kang rayi | miwah Ponaraga iku | têtiga sami prapta | sri narendra ngandika apa riningsun | yayi mas basuki sira | kang rayi nuwun wotsari ||
19. narendra malih ngandika | sira katri apa padha basuki | bupati tiga anuwun | inggih barkat narendra | abdi dalêm têtiga sami rahayu | kangjêng susunan ngandika | wijiling sabda amanis ||
113. Mijil
1. yayi Sêcaningrat nora prapti | matur awotsinom | kawula nuwun rayi sang rajèng | asêmados ngumpulkên wadyèki | ămba ing Matawis | egal nuntên nusul ||
2. Radyan Janingrat matur ing aji | anuwun
--- [f. 207v] ---
sang katong | bêktinipun di dalêm sakèhe | mantri-mantri myang para bupati | sakèh wadu aji | lan para tumênggung ||
3. kalayan punika ingkang tulis | katura sang katong | Pangran Mangkunêgara surate | wus pinundhut binuka kang tulis | pucuk sêmbah bêkti | katura sang prabu ||
4. inggih sangking putra panduka ji | kang lêlana kaot | Pangran Mangkunêgara namane | ingkang dadya senapati jurit | Japarusa wani | sasampuning katur ||
5. wiyosipun rama ji ing nguni | paring surat kaot | mungêl surat paring idhêp rajèng | lamun nata kundur wus angancik | nagri Ponaragi | kawula anuwun ||
6. kalawan malih sri narapati | nimbali punang wong | pun paman Sêcaningrat kalihe | pun paman Jayaningrat prituwin | Ranadipurèki | asangêt anuwun ||
7. wondening kyai pun paman kalih | sumăngga ing katong | nanging pun Ranadipura mangke | sangêt dhepok dahat langkung ajrih | dêduka narpati | bilih têkèng lampus ||
8. mila sangêt sakalangkung wingwrin | dhumatêng sang katong | panuwun kula ing sang rajèng |[11] dipun agêng agêp[12] pariksa ji | dening sangêt bêkti | awêl[13] pêjahipun ||
9. punika tur kawula kiyai | sumăngga sang katong | lamun kadamêl bupati mangke | sakèh abdi dalêm Sokawati | punika kiyai | kang kawula [kawu...]
--- [f. 208r] ---
[...la] suwun ||
10. sanadyan kawula langkung ajrih | dhumatêng ing katong | yèn tan dhinahar tur kula rajèng | yèn tan pinaringkên Sokawati | tan seba wak mami | dhumatêng sang prabu ||
11. punika rêmbag sakèh bupati | sami aturnya wong | mila datan purun seba ngrajèng | botên saking kawula kiyai | karsane pribadi | sami aturipun ||
12. balih[14] narendra duka ing kami | sakêlangkung jrih ngong | dening duta paduka sang rajèng | Sindusastra Ranawijayèki | karsane pribadi | datan purun mantuk ||
13. mila pun Ponaraga tut wingking | man Janingrat kang wong | inggih saking tan wontên rencange | punika sangêt tur kawula ji | duta ingkang kari | kang kawula suwun ||
14. inggih kiyai kula tatrapi | darapon akapok | jalma dinuta dening sang rajèng | angage karsanipun pribadi | punika tur mami | titi surat putus ||
15. sabda pandhita wiku sang aji | langkung rêngu katong | dening pangran liwat pambekane | nora kaya karsaning Ywang Widi | langkung dening rujit | galihe sang prabu ||
16. angandika jêng sri narapati | Janingrat rèningong | kaya ngapa saparipolahe | Radèn Janingrat matur ngabêkti | kawula tan dugi | kabatinanipun ||
17. nging lairipun kalangkung ajrih | dêduka sang katong |
--- [f. 208v] ---
botên sêja puruna sang rajèng | malah kawula inggih tinari | icala dènnya jrih | dhumatêng sang prabu ||
18. sirêpa dêduka sri narapati |[15] anêdha rêmbag ngong | langkung sangêt bêktinira ngrajèng | Dèn Janingrat ature mrih singgih | ja katon ngadoni | putra lawan prabu ||
19. pinrih rapêt aja rêngat kalih | lan wêkca kemawon | nora dora matur sakawruhe | awotsêkar matur ing sang aji | kawula tan dugi | sanès sêratipun ||
20. iya iku adate ing nguni | sira durung tumon | nora kêna dèn cêkêl lambene | Dèn Janingrat nuwun saha bêkti | kathah aturnèki | kathah polahipun ||
21. kala prang Kêdhu katur wus ênting | tingkah polahnya wong | purwa madya katur sadayane | alah uwis mondhoka ta yayi | luwaran sang aji | kang seba wus mundur ||
114. Durma
1. dan warnanên jêng sunan injing sineba | pêpak sagung prajurit | miwah para putra | tanapi kang sêntana | pêpak kang măncanêgari | anèng mêndhapa | sunan dènnya siniwi ||
2. angandika susunan yayi Janingrat | lan Natawijayèki | pa sira arêmbag | ingsun arsa utusan | mring putra ngong ki dipati | samya wotsêkar | langkung dening prayogi ||
3. sapa kang prayoga [prayo...]
--- [f. 209r] ---
[...ga] yayi kang dinuta | yèn sawawi lan aji | pun Suradimêja | iya iku prayoga | nulya tinimbalan prapti | sunan ngandika | hèh Suradimêjèki ||
4. sira ingsun duta marang ing Barija | paringna surat mami | mring ki adipatya | nama Mangkunêgara | nuwun sandika tur bêkti | Suradimêja | sampun winêling-wêling ||
5. timbalana sakèhe para bupatya | poma ja wêdi jalmi | măngsa bodho sira | ya dèn prayitna uga | sira dèn polatan ngênting | surat tinampan | angandika nêrpati ||
6. wus mintara nuwun amit sampun kesah | sunan ngandika malih | dhi Natawijaya | kagungan sun gantungan | sira duma kang wêradin | prajurit ingwang | aja na ingkang kari ||
7. wong Kapilih kalawan wong Suranata | Saragni lawan Bugis | myang wong Brajayuda | Namèngyuda sadaya | Jagabaya aja kari | Singanêgara | Gandhèk lawan Pamiji ||
8. dèn warata anaa kang nyêkêl kapal | aja kudu abukti | lêmua kang kuda | miwah ta kakangira | anaa kang nyêkêl wajik | nuwun sandika | Natawijaya bêkti ||
9. aluwaran kang sowan tinundhung mêdal | sêmana sri bupati | rujit ingkang manah | anênêdha Ywang Sukma | emutna kang lali-lali | nora amala[16] | ingkang rayi pan prapti ||
10. Pangran Sêcaningrat
--- [f. 209v] ---
sowan ingkang raka | katur gêpah sang aji | sunan langkung suka | kang rayi tinimbalan | sampun lumêbèng ing puri | mangrêpa nêmbah | ing suku sang narpati ||
11. norakên jiwa dhiri tuhu taruna | pinêkul ing narpati | langku onêng ingwang | ari sun marang sira | lawan sun nora kapanggih | yayi lan sira | kang rayi nuwun bêkti ||
12. igih kula anglangkungi saking tuwan | apa ta sira yayi | apa wilujêngan | ingkang rayi mangrêpa | saking barkat panduka ji | samya waluywa | mulane sira lami ||
13. ariningsun nora prapta nuwun nêmbah | repot ngumpulkên dasih | nuwun duka nata | apuntên dhatêng ămba | sadurunge ari mami | wus sun tarima | kapriye kang na wuri ||
14. putranira ki dipati polahira | yayi mas sira uni | karêpe pan wikan | bêcik kalawan ala | mokal kilap ari mami | rayi anêmbah | tan sagêd munjuk aji ||
15. panduka nata nglangkungi dening wikan | kadipundi sira dhi- | êmas Jayaningrat | mapan sami uninga | polahe Mangkunêgari | măngsa boronga | sampeyan langkung uning ||
16. ora yayi têka sira atutura | langkung dening aruci | pun Mangkunêgara | tan sagêd ămba mirsa | mangke arsa ngadêg
--- [f. 210r] ---
aji | angantos bakda | Mulud taun puniki ||
17. tan kawilang sudibya bêkti narendra | kalingan dening mukti | sampun lêlayangan | lan Gupênur Sêmarang | inggih langkung wali-wali | surasaning tyas | kewran dening Wêlandi ||
18. kathah-kathah pangeran ature têlas | tata kalawan titi | gargut sri narendra | uwis aja dinawa | amondhoka sira yayi | masthi kalêswan | luwaran sri bupati ||
19. Pangran Sêcaningrat mundur pamondhokan | kawarnaa sang aji | anêpi susunan | langkung rudatin manah | anênêdha ing Ywang Widi | wus tinarima | pinasthi dadi aji ||
20. wêktu punika untung dadi wawêla | Pangran Mangkunêgari | ambeka akathah | cobaning Ywang mring nata | wus enjing sri narapati | sêdhêng sineba | kang rayi dèn timbali ||
21. Pangran Sêcaningrat lan Radèn Janingrat | Dyan Natawijayèki | myang kang para putra | kêkalih sampun prapta | tanapi wadya prajurit | pêpak sadaya | kubêng samya anangkil ||
22. sunan ngandika yayi mas Sêcaningrat | kaya ngapa sira dhi | mêngko wus kapanggya | yayi lawan manira | priye antêpira maning | trêsnamu ri mas | duwe sadulur kami ||
23. alair batin yayi sapraptanira | ingsun arsa udani | yayi ajarwaa | lair [la...]
--- [f. 210v] ---
[...ir] myang kabatinan | Pangran Sêcaningrat bêkti | anuwun duka | mila kawula prapti ||
24. sangking bêkti ămba dhumatêng panduka | mangke ngraos pun yayi | datan darbe yayah | gih sampeyan gantinya | syargi kangjêng rama aji | sêmbahan ămba | lair tumêkèng batin ||
25. botên larang bêktia mila ba prapta | tan ketang wirang sakit | sangking bêkti ămba | sunan dhatêng sampeyan | tan sêdya ngimpia maring | Mangkunêgaran | liya sampeyan aji ||
26. sasirnane rama ji ing Surakarta | sampeyan kang gumanti | sun yayi tarima | dèn tulus ujarira | aja na ingkang nyidrani | ja kaya kuna | mêngko padha sayêkti ||
27. ingkang rayi matur bêkti botên sadya | dhihin dalasan mangkin | inggih mung sampeyan | sasêmbahan kawula | mugi pun Mangkunêgari | dosane linga | yèn tan bêkti ing aji ||
28. kula dèrèng gumingsir ngabên prakosa | lamun ngadu prang tandhing | dhuh ari sun dhawak | sêca gagah prakosa | aja na ngêmpèk-êmpèki | asih kêkadang | nora na amunjuli ||
29. yayi dèn tulus jarira apa sira | milu sabayapati | gih sakarsa tuwan | kula dhatêng sumăngga | apa têmên sira yayi | inggih sawêkca | yèn [yè...]
--- [f. 211r] ---
[...n] mêkono[17] ri mami ||
30. ingsun iki tan angrasa duwe kadang | kang tisna bayapati | anging yayi sira | payo padha rinêbat | têtilare rama swargi | lamun kalilan | payo padha amukti ||
31. kang sun jaluk sira nom sun kang atuwa | masthi ya andhap inggil | ing saturunira | lawan saturun ingwang | turuta milu amukti | ya kajabaa | alanipun pribadi ||
32. inggih ămba sumăngga ing karsa nata | tan lênggana karsa ji | ngandika susunan | iya aja na cidra | anging ta yayi sawiji | aprasêcaa | kalêbua ing jaji[18] ||
33. dangu kèndêl Pangran Sêcaningrat kewran | ing karsane sang aji | tambuh karsanira | dinulu galih awrat | ngandika malih sang aji | mila yayi mas | dangu sira tan gusthi ||
34. nora ingsun yayi tan apracaa |[19] rêgêp ing gama suci | kang rayi kabêtah | wotsêkar inggih sunan | yèn tan têmên-têmên mami | dhatêng sampeyan | sampun manggih basuki ||
35. yèn tan jungjung dhumatêng paduka nata | mangke dalasan binjing | tumêkèng ing putra | anak mas adipatya | yèn tan jujung awak mami | dadinya nata | kenginga ing prajangji ||
36. saturun ămba inggih wontêna
--- [f. 211v] ---
ngandhap | kalih turun sang aji | tan kenging gumantya | yèn taksih turun tuwan | yèn cidra ngong kêna jangji | iya tarima | kang sun dhangdhang ku yayi ||
115. Dhandhanggula
1. kajaba cidranira pribadi | yayi iku ora têka ingwang | yèn dhinginana wak ingong | mangkono jajiningsun | nora sêja ta awak mami | yèn cidra têka sira | dudu têka ngingsun | iku alane piyambak | sinauran gêtêr patêr ing wiyati | ngandika sri narendra ||
2. yayi Janingrat lan ari mami | Natawijaya prajurit ingwang | apa ta kaya ature | kabèh kaya rèningsun | Dèn Janingrat miwah kang rayi | Radyan Natawijaya | matur awotsantun | inggih botên siwah lawan | rayi nata adan aprasêca sami | sampun nêlas sadaya ||
3. ya tarima karo ari mami | miwah bocah prajurit sadaya | jro lawan jaba ature | apa kaya riningsun | nuwun nêmbah prasêca sami | gênti ingkang prawira | nêlas sêcanipun | katarima ing susunan | angandika nata mring wadya prajurit | hèh ya kawulaningwang ||
4. padha sira pirsakêna sami | ariningsun ya Ki Sêcaningrat | lawan pênjaluke dhewe | jumênênga riningsun | Ki Dipati Bintara iki | wadya nuwun wotsêkar | lawan ariningsun |
--- [f. 212r] ---
Janingrat sun lèhkên aran | jumênênga Pangran Natakusuma ki | gumanti kadya eyang ||
5. adhi Natawijaya sun alih | anamaa Pangran Pakuningrat[20] | lah wis ngèstokêna kabèh | wadya sadaya nuwun | dan tadhahan sêlur kang mijil | wus dhahar sri narendra | warata sadarum | sih mênuhi dhatêng jaba | dènnya dhahar wusan linarod[21] ing jawi | pawongan kang anămpa ||
6. aluwaran susunan kang nangkil | bubar kabèh kocapa Mas Răngga | mila mantuk sapêjahe | patihira karuwun | kang agitik kadang pribadi | aran Ranadipura | milane dèn jujug | dening wau Ki Mas Răngga | kala pamit anèng Madiun nyarêngi | lawan wadya Mataram ||
7. wus kalakon malês larapati | Ranadipura tan kêlar năngga | lan Mas Rănga pêpêrange | gancang sampun lumayu | mring Barija sing Sokawati | wus kancikan Mas Răngga | jalma alit jinum | wus lama Ranadipura | adul-adul ing Pangran Mangkunêgari | akèh-akèh turira ||
8. matur yèn pangran dipun sumbari | mring Mas Răngga pan akathah-kathah | ature mrih dêdukane | pangran brêmantya asru | mêpak bala para prajurit | pangran tindak piyambak | saprajuritipun | mêdal kilèning sagaran [sagara...]
--- [f. 212v] ---
[...n] | lakung ngalèr rêrêb kêkadhar prasami | pungkur samya rinêksa ||
116. Pangkur
1. anujoni padhang bulan | angkatira pangeran têngah wêngi | Mas Răngga nèng Karja wau | tan nyana yèn pinaran | dening pangran nora nana wartanipun | alena sarencangira | pangeran pan sampun prapti ||
2. prayitna sawadyanira | tanpantara Mas Răngga dipun gitik | kagyat Mas Răngga kalimput | mèh dhidhik katiwasan | dangdanane Mas Răngga kantun sadarum | lumajêng mring Ponaraga | asowan sri narapati ||
3. pangeran enjinge nulak | tinilaran kang têngga Sokawati | Ranadipura puniku | lan mantri jro tinilar | Ki Mas Răngga ing Ponaraga wus rawuh | katur dhumatêng susunan | yèn tiwas tinukup wêngi ||
4. Ki Mas Răngga tinimbalan | atanapi kang rayi-rayi sami | dinangu sapolahipun | Mas Răngga awotsêkar | ngunjukakên pêjah gêsang sang aprabu | tinukup tiwas kawula | kang dangdanan kantun sami ||
5. mèh dhidhik nêmahi pêjah | yèn sampuna angsal barkat narpati | amba tan nyana salugut | yèn tinukup pangeran | mangke nagri dalêm Sokawati prabu | kagenan Mangkunêgaran |
--- [f. 213r] ---
Ranadipura lan malih ||
6. mantri jêro ingkang samya | anênggani nêlukên Sokawati | di dalêm mantri kèh nukul[22] | ămba ngunjukkên pêjah | tur têtêkan tiwas ngrêksa nagri prabu | kang dados ajrih kawula | katingal ngadon-adoni ||
7. suraning singat andaka | mênggah ămba tan sêja tan angimpi | yèn angabênana wuwus | mangke ămba sumăngga | nagri dalêm Sokawati karsa prabu | pun dasih darma tatêngga | ya wis sun luwih udani ||
8. darma bae sira Răngga | ginawe marga beka Mangkunêgari |[23] kangjêng sunan langkung wiku | dening ta winiwitan | kangjêng sunan sangêt watir mring jêng ratu | dyan anduta ingaturan | gandhèk mit mintar sira glis ||
9. kangjêng sunan wus luwaran | tan kawarna gandhèk Ngrancang wus prapti | jêng ratu ngaturan gupuh | daut garwa myang putra | tan kawarna marga kangjêng ratu rawuh | miwah sori putra-putra | pra răndha sêntana aji ||
10. wus prapta ing Ponaraga | ingurmatan kangjêng ratu wus manjing | ing dalêm pura pinêthuk | kinanthi manjing pura | agunêman siyang latri kangjêng ratu | lawan putra jêng susunan | sigêgên ingkang winarni ||
11. Pangeran Mangkunêgara | siyang dalu sukan-sukan [su...]
--- [f. 213v] ---
[...kan-sukan] nutugi | myang totohan rintên dalu | langkung lêga kang manah | Sokawati ing mangke sampun karêbut | ingkang ginawe Mas Răngga | Ki Adimênggala iki ||
12. di dalêm sakilèn dalan | kang ngayumi Surawijaya uni | tandhês saêlèr dalanggung | kang ngayumi lèr Sala | Brajamusthi sêntana têtindhihipun | Pangeran Mangkukusuma | mila langku eca galih ||
13. karsane saya ngatara | Janapura kang ngadoni ajuti | tan lama antaranipun | kang layon Pangran Arya | sampun prapta kinèndêlkên Bayawangsul | wus katur dhatêng pangeran | nulya ngumpulkên sakèhing ||
14. para kaum kinèn mapag | sarupane dhatêng ing Bayalali | kinèn nglajêngakên wau | kang layon Pangran Arya | mring Magiri tan kawarna wus kinubur | mapan sampun binêcikan | pan nora antara lami ||
15. sarêng bakda sasi Bêsar | jêng pangeran nuntên jumênêng aji | ngadêg watang dina Sêptu | lan damêl gulang-gulang | walung dasa kang prajurit kathahipu[24] | baya wus karsa Ywang Sukma | tan lumrah jumênêng aji ||
16. mêngkana kang cinarita | duta dalêm Suradimêja prapti | Barija sampun malêbu | panggih lawan pangeran | bupati tinimbalan pêpak sadarum [sadaru...]
--- [f. 213*r] ---
[...m] | miwah wau ingkang paman | Pangran Purbaya wus prapti ||
17. duta dhawuhkên timbalan | Pangran Mangkunêgara timbalan aji |[25] puniki gih suratipun | kangjêng sri naranata | hèh dhawuha mring andika dipun gupuh | kang surat sampun tinampan | wus binuka punang tulis ||
18. pèngêt iki layang ingwang | sarta salam donga sun Jêng Sang Aji | Sunan Pakubuwanèku | Senapati Ngalaga | Ngabdurahman Sayidin Natagamèku | dhawuha ing putraningwang | lawan sakèhing bupati ||
19. iki liring layang ingwang | aprakara iku bocah sawiji | iku dhingin ingsun pundhut | aran Ranadipura | iya sangking aturira putraningsun | mêngko sun tuturi sira | wêkasan sira kukuhi ||
20. sira angaturi layang | mring sun iya muni tulis nglangkungi | akèh-akèh sira wuwus | ujar kang ora-ora | kaya durung sun dadi aji apunggung | ngatrapkên[26] kang tanpa dosa | nora layan ukum adil ||
21. ingsun nora pisan-pisan | aduwea cidra ing sirang[27] kaki | miwah sakèh sanakipun | tanapi kang bupatya | begal karya ngrong pasanakan marunggul | dening sira nora arsa | angratokakên ing kami ||
22. lah iya sakarsanira | sok aja uga ala têka ing kami |[28] kapan [kapa...]
--- [f. 213*v] ---
[...n] ingsun tanpa ukum | tan lyan alane dhawak | wong tan asih tan kurang pamadanipun | aja kakehan kapirsa | dening jalma nora bêcik ||
23. sira mungkar karsanira | nanging ingsun tan ngrasa duwe cantrik | yèn sira têmên maringsun | bok iya ajarwaa | ingkang êndi kang dadi rasan ngatimu | kang sisip gon sun parentah | mring sira myang wadya mami ||
24. wus titi kang punang surat | Ki Suradimêja dhawahkên malih | timbalanipun sang prabu | bupati ingandikan | kinèn mundhut dhatêng andika sadarum | pangran ature sumăngga | ing karsanira narpati ||
25. puniku pêpak sadaya | kadipundi myarsa timbalan aji | padha sebaa sadarum | botên wontên kang nabda | langkung èwêd manah bupati sadarum | ajrihe wus kinêcêkan | bopati norana gusthi ||
26. pangeran asru ngandika | sanak-sanak manira tulung pikir | yèn kèwêdan dèrèng rêmbug | awon pênêding kathah | lamun seba gih asowana sadarum | yèn tan seba sadaya |[29] apênêd samya tur tulis ||
27. yèn tan wontên kang anurat | gih kawula ingkang atulung carik | samya mêlinga sadarum | sarasane kang manah | nulya samya pinêndhêtan [pi...]
--- [f. 214r] ---
[...nêndhêtan] êcapipun | sadaya samya nênurat | kang tan bisa nyambat carik ||
28. kang surat prasamya dadya | sampun katur Pangran Mangkunêgari | kang tan prayoga ing wuwus | anulya ingowahan | sampun dadya surat ngêcapan sadarum | sinungakên punang duta | gandhèk atampi tumuli ||
29. anulya sami bubaran | punang gandhèk sampun mondhok sira glis | ing latri nora winuwus | enjing nulya pamitan | wus linilan caraka mangkat wus laju | ênêngêna kang winarna | gulamilir Ponaragi ||
117. Dhandhanggula
1. dyan warnanên susunan siniwi | dening sakathahe wadyabala | Dèn Jayèngrana praptane | kentare duk rumuhun | sangking Tambar kinèn agitik | Wirasaba wus bêdhah | katur ing sang prabu | langkung suka jêng susunan | sagupita duta sing Barija prapti | katur nulya ngandikan ||
2. pra dipati samya dèn timbali | myang sêntana miwah putra-putra | wus prapta ngarsa sang rajèng | tata silanya bungkuh | punang duta matur ngabêkti | sampun ămba kaduta | dhatêng putra prabu | Pangeran Mangkunêgara | mangke ngaturi surat pinundhut aglis | binuka sinukmèng tyas [tya...]
--- [f. 214v] ---
[...s] ||
3. wus kuningan saunining tulis | samya ciri kathahipun rolas | sadaya sami ungêle | atur para tumênggung | myang Pangeran Purbaya sami | kinawruhan ing sunan | surat cidra wuwus | diksura kang dadi manah | suratipun Pangeran Mangkunêgari | titi surat rinusak ||
4. ingkang layang sampun sinisuwir | jaja dalêm upama têmbaga | apracina sru dukane | padon lathi kumêdut | ingkang cahya lir wora-wari | ujyalanya baranang | sêgargut andulu | Sunan Senapati Nglaga | tingal kocak ujyala lir kadi api | rêrêp sakèhing bala ||
5. Kangjêng Susunan Mataram angling | hèh ta sami sakèh wadyaningwang | padha sun jaluk gawene | apa têmên maring sun | padha milu sabayapati | ingsun ratu anistha | cinacad jalma gung | pa sira kaya mêngkana | ing ature jalma kang tan asih kami | sadaya ngrêpèng nêmbah ||
6. botên sêdya sinuwun tan ngimpi | măntraa kadi jalma duraka | dede jalma satêmêne | ngandika sang aprabu | sira yayi Bintara kadi | ature wadyaningwang | kang rayi umatur | mila ămba praptèng sowan | inggih botên kadi jalma atur lamis | sumăngga karsa nata ||
7. ingsun tan
--- [f. 215r] ---
pracaya kèh wong lamis | yèn ta nora prasami jangjeyan | mijila kabatinane | narendra narik dhuwung | anyarêngi para bupati | samya narik curiga | myang sêntana prabu | angandika jêng susunan | iki apa tingalana kang sayêkti | angrasaa yèn lanang ||
8. iki dhuwung ingsun mintra[30] mami | têtilare jêng rama suwarga | duk alit ginadhang mangke | măngka tuk barkatipun | kangjêng rama jumênêng aji | sun rêbat toh ludira | sêbit kulit ingsun | lara anglih nora etang | pêjah ingsun nusup-nusup sun labuhi | mêko[31] wus jênêng nata ||
9. lamun sira anglorod ing kami | lamun nora lawan karsaningwang | kaya tan gumingsir ingong | jalma-jalma ping pitu | nora sêdya ingsun unduri | gon sun rêbat nêgara | sa-Jawa akumpul | dadia mungsuh sadaya | nora ulap wus jamake wong ajurit | ginarumung paprangan ||
10. sira yayi kadi ingsun iki | lamun têmên sira dhinginana | Pangran Bintara ature | kawula nuwun prabu | èstu kula têmêni aji | mila kawula kesah | sunan têlêng kayun | yèn sadya anyidranana | gumingsira sunan saking ing prajangji | anulya aprasêtya ||
11. angandika jêng sri narapati |
--- [f. 215v] ---
hèh Jayèngrana sira amirsa | kaya ngapa pracinane | Jayèngrana wotsantun | inggih ămba lamun ngoncati | kula ing prajangjeyan | têmên-têmên prabu | ămba lamun tan puruna | mêngsah dalêm prasêtya agama suci | supata kathah-kathah ||
12. angandika jêng susunan malih | sira Răngga emut prajangjeyan | aja ngoncati têmahe | pun Răngga andik matur | sang aprabu tan ngandêl mami | botên mangke kawula | angabdi sang prabu | wangsul-wangsul aprasêtya | yèn tan wontên panjênêngan sri bupati | ămba tan dados jalma ||
13. alit tumêkèng agêng puniki | kang ngitik-itik paduka nata | yèn cidraa ing sang rajèng | jalma-jalma saptèku | ngoncatana sangking prajangji | utawi yèn ajriha | satru jaya prabu | atilar dhatêng paduka | kathah-kathah prasêtya katur ing aji | ngimpia lagi nora ||
14. jêng sunuwun[32] angandika malih | ariningsun sira Pakuningrat | prasêtyaa dipun age | kang rayi nêmbah matur | mila ămba nusul sang aji | arsa bêkti ing pada | batin trusing wuwus | tan anyipta lêlamas |[33] lamun ămba tan têmên nyidrani aji | ngoncati prajangjeyan ||
15. apraca [apra...]
--- [f. 216r] ---
[...ca] dhumatêng sang aji |[34] Pangran Pakuningrat kathah-kathah | anêlasakên ature | dèrèng sêsinggah purun | botên ngimpi sêdyaa ajrih | sakarsaning narendra | sandika tumurut | sampun pisah sêdya ămba | lan narendra tumurut sabayapati | angandika susunan ||
16. yayi Natakusuma sun tari | kaya priye sira aprasêtya | sêjanira prapta kene | tigal nagara agung | sira têmah lara lan anglih | apa yayi tan owah | bêktinira mring sun | Pangeran Natakusuma | wus gumêtêr nora bisa anauri | wêkasan awêcana ||
17. ngunjukakên ingkang pati urip | adhuh sun luwung kapêjahana | kasêlak mijil êluhe | sumèlèh dhuwungipun | wus sumaput tan uning jalmi | ya uwis sun tarima | bêktinira mring sun | ngandika malih susunan | sira katri bupati ing Ponaragi | yèn têmên prasêtyaa ||
18. wus prasêtya bupati katrining | langkung têlas supata ngagama | katur dhumatêng sang rajèng | ngandika sang aprabu | timbalana prajurit mami | sakèh kang anèng jaba | wus prapta sadarum | anulya para lêlurah | ganti-ganti supata prasêtya sami | kang kinèn dhinginana ||
19. wadya
--- [f. 216v] ---
Suranata lan Kapilih | supatane lir kadya Mas Răngga | mungêl ing ngajêng sêtyane | Saragni matur umyung | inggih sami prasêtyanèki | sunan narik curiga | wadya narik dhuwung | hèh ya wong elinga lanang | samya nangis sunan kang dipun êbyuki | ginarumung ing wadya ||
20. kathah-kathah supata wong wani | saur manuk supata ngagama | samya sanggup mati kabèh | gurnitanipun umung | nulya samya dipun sapihi | kinèn aprangjajeyan[35] | sami kancanipun | Kapilih lan Suranata | dènnya jangji Saragni samya prajangji | lawan wong Namèngyuda ||
21. sampun tutug sadaya prajangji | supata aja na ngoncatana | dyan tinundhung mêdal kabèh | luwaran sang aprabu | sêntana ji miwah bupati | ngati-ati sadaya | bok na karsa prabu | datatitanan[36] jêng sunan | langkung rujit salaminira aruntik | kasmaran kang tumingal ||
118. Asmaradana
1. langkung onêng sri bupati | Kangjêng Sinuhun Mêtaram | kadya rinujit galihe | karuna sajroning nala | kagugu kadawèng tyas | surat sadaya ngêlipun | dening ta nora kayaa ||
2. Kangjêng Sinuhun Mêtawis | anênêdha ing Ywang Sukma | anamun gèn panêpène | pratela tan kinêliran [kinê...]
--- [f. 217r] ---
[...liran] | Gusti lawan kawula | pan wus wruh ing tunggalipun | kang sinêmbah ya Pangeran ||
3. kang nyata sinêmbah uni | tunggal ing sajatinira | lir satu lan ribagane[37] | mulya êning tingal nyata | tan ana kawoworan | anênêdha ing Ywang Agung | rat jagat Jawa ngidhêpa ||
4. sakèhe manusa Jawi | sunan kang ngêbayanana | têtêpa sumilih katong | ginampangna ing Pangeran | emuta ingkang mungkar | idhêpa tunggal rasèku | ing cara carêm sarêmbat ||
5. ping kalih minta Ywang Widi | wadya sadaya kang mungkar | yèn têmên tisna ujare | dèn adilana Ywang Sukma | mêngkana kang nalika | solah mona-muninipun | kang minăngka panêngêran ||
6. wus tinarima Ywang Widi | ing têmbe dadi narendra | tur kèringan ing wadyane | nanging sawêktu punika | pasthi tan kêna owah | dadya wawêlaning ratu | dèrèng tutug lêlampahan ||
7. mêngkana sri narapati | tanpa guling tanpa dhahar | kalangkung ing sungkawane | têngah dalu wayahira | nimbali pakathiknya | têtiga lêlurahipun |
--- [f. 217v] ---
abdi dalêm Suranata ||
8. aran Kaji Tapsirodin | lawan malih sisihira | Muhidin Muhyadin rane | abdi tutus kina-kina | sampun têdhak-tumêdhak | iya satarutusipun | têdhak abdi Kartiyasa ||
9. wus prapta ngayun narpati | tinimbalan marang dagan | pasarehane sang rajèng | angandika sri narendra | hèh jalma kang têtiga | kaya ngapa jênêng ingsun | dadya ratu lir baskara ||
10. tansah manggung brăngta kingkin | wadyaningsun padha mungkar | apa baya wahanane | galih ingsun langkung susah | ginugujêng ing lma[38] |[39] langkung wirang ing Ywang Agung | dadya ratu tan kèringan ||
11. apèn[40] ora dèn adili | jalma têtiga tur sêmbah | anuwun duka sang rajèng | tan kadugi têkdiring Ywang | kaya ngapa karêpira |[41] mênggah pun dasih sinuhun | sang prabu tanbuh lêrêsa ||
12. prakawis wadya tan asih | sinuhun wêla kewala | dèrèng dhatêng lampahane | pamupusane wangsita | kêkah karsaning Sukma | nadyan tan wontên ajujung | lamun takdir dadi nata ||
13. măngsa wandea narpati | dadya nata tanah Jawa | kinarubuta wadya kèh | sinuwun tan pilih marga | karsaning Ywang Kang Mulya | inggih
--- [f. 218r] ---
kathah marganipun | dede punika kawasa ||
14. jalma kang mungkar narpati | punika sami kawula | kang kawasa nging Ywang Manon | nging punika atur ămba | susunan angandika | ya iku batinan ingsun | yèn ingong tan duwe pasrah ||
15. amasthi susah kapati | mulaningsun apracaya | kang sun dulu ing Ywang Manon | ngandika malih jêng sunan | hèh ingsun sêksènana | mênawa kalalèn ingsun | wong têlu emut-emuta ||
16. sakèhe ta wadya mami | kang milu sabayapêjah | kang têmên-têmên bêktine | kajaba sisipe dhawak | miwah wong Sokawatya | kang ngabêkti marang ingsun | dosa pêjah sun apura ||
17. dosa lara sun adili | apura lan palamarta | sun paitakên gêtihe | nora arsa mêjahana | yèn bangêt dènnya beka | wali-wali alanipun | sun kesahakên kewala ||
18. iku yèn dosane ngênting | sun nora arsa tumingal | mêksiha dadi abdi ngong | nora kêna lunga-lunga | saturun-turunira | ingabdèkna turun ingsun | jalma kang sun ucap ika ||
19. poma ya bocah sun katri | padha sira ngêt-èngêta | iku pangandikaningong | besuk têmbe yèn sun duka [du...]
--- [f. 218v] ---
[...ka] | mring jalma mau ika | sangêt arsa têkèng lampus | wong têlu samya elinga ||
20. iya sun wênangkên katri | duwe atur apemuta | anggendholi dukaningong | poma ta padha emuta | pinrêmên ing wardaya | aja na jalma kang ngrungu | wêkasan gêdhe atinya ||
21. nuwun nêmbah wong katrining | sunan malih angandika | kang sun pikir ing samêngko | iya prakara ing lampah | kang bêcik linakonan | iya uwis besuk esuk | ri sun kalih timbalana ||
22. Natakusuma ri mami | lan saha dhi Pakuningrat | Si Răngga Jayèngranane | sira wong têlu milua | tinundhung samya mêdal | nulya Brajamusthi rawuh | saking nagri Sokawatya ||
23. lan Adimênggala iki | sarta cinanthelan ujar | Surawijaya ing mangke | arsa sowan ing sang nata | ingabdèkna piyambak | lan kang rayi canthèl atur | Pangeran Mangkukusuma ||
24. arsa sowan ing sang aji | ature kadya mêngkana | wus enjang kawarna mangko | sêntana sowan sadaya | miwah para bupatya | nulya prapta wong têtêlu | sêntana catur ngandikan ||
25. ingkang wus kocap ing ngarsi | nulya samya
--- [f. 219r] ---
manjing pura | astha jalma parêk ngrajèng | abungkuh anèng ngayunan | kang sêpi pinanggihan | kêbon wetan prênahipun | ingayap dening wong astha ||
26. manggung samya dèn tundhungi | dangu nêlasakên rêmbag | kadadeyaning lêlakon | amikir ingêr nagara | myang pikir punang mêngsah | iya kadadeyanipun | tanapi mikir kang putra ||
27. Pangeran Mangkunêgari | tan kêna patut wus atas | dadya mikir ing lampahe | adhimas Natakusuma | Pakuningrat lan Răngga | Jayèngrana ingsun tantun | pikirira kang prayoga ||
28. apa bêcik tadhah mami | tanapi yèn lumaksana | ingsun têka nurut bae | yèn sira wus padha rêmbag | prayayi catur turnya | sumăngga karsa sang prabu | pun dasih darma lumampah ||
29. jêng sunan wêcana aris | ingsun nora ngage ulap | lan mungsuh Kumpêni kabèh | miwah Si Mangkunêgara | atadhah ingong sura | lumaksana ingsun purun | kang sun prih pakolèh lampah ||
30. apa bêcik anadhahi | apa bêcik lumaksna |[42] wong katrini tur sêmbahe | yèn sawawi lan narendra | sae tindak susunan [su...]
--- [f. 219v] ---
[...sunan] | akathah pakantukipun | bèbèr jêmbar kang polatan ||
31. wêwah agung wadya aji | têdhah[43] kêdhik pakantuknya | nging măncanêgara bae | wêkasan rupak jagatnya | katingal lit kang manah | lamun tindak jêng sinuhun | abdi dalêm gêng manahnya ||
32. mêngkatên pangucap dasih | nyata wignya luwih sura | pracina tindak sang rajèng | lan wadya kang tisna nata | tan wang-wangên ing marga | gènnya sowan ing sang prabu | wadya mijil samya sura ||
119. Mijil
1. amasthi prapta sowan sang aji | Sokawati Paos | wadya astha wus rêmbag ature | lan turuning Brajamusthi prapti | asowan sang aji | lawan malihipun ||
2. di dalêm Adimênggala prapti | lan rayi sang katong | Pangran Makukusuma[44] bêktine | canthèl atur arsa sowan aji | wang-wangên ing margi | kewran têbihipun ||
3. lawan malih di dalêm narpati | Surawijaya wong | canthèl unjuk ingkang bêkti ture | Brajamusthi kang dipun wawrati | nuwun kilèn margi | sapêngalèripun ||
4. salèr margi sagah angayumi | Surawijaya wong | anging panuwunipun sang rajèng | sampun kungkulan para dipati | lyanipun sang
--- [f. 220r] ---
aji | punika turipun ||
5. ngabdèkêna piyambak narpati | sumăngga ing katong | kathah Surawijaya ature | yèn kadhahar dhumatêng narpati | gih pun Brajamusthi | wonipun kang nanggung ||
6. Surawijaya turipun ngênting | bilih cidra katong | atinipun wus kawêngku kabèh | dhatêng Dimênggala Brajamusthi | ngiture sawiji | Surawijayèku ||
7. panduka ji ngaturan nindaki | mring Paos sang katong | ecaa pinarak dhahar sare | dadosa jimat ing wadu aji | Surawijayèki | ingkang aprang pupuh ||
8. suka pêjah angayahan aji | sumăngga ing katong | rêmak binandhêmna abdi ture | Surawijaya ture nglangkungi | yèn dèrèng wor siti | rêmuk balungipun ||
9. dèrèng ulap pakaryaning aji | kang ngandika katong | iya ingsun lilani ature | nanging nuli sebaa tumuli | yèn têmên ing kami | ja wangên dêlanggung ||
10. ingsun arsa tindaka tumuli | uwara wadya ngong | bêgja kapapag marga lampahe | Surawijaya yèn èstu bêkti | wis mêtua sami | uwara wadya gung ||
11. samya wotsari jalma tri mijil | astha sarêng miyos | praptèng jaba Brajamusthi age [a...]
--- [f. 220v] ---
[...ge] | dhinawuhan timbalaning aji | yèn tindak nèng margi | sira kèn rumuhun ||
12. sandika ature Brajamusthi | Dimênggala mangko | dipun pundhut dhumatêng sang rajèng | sangking Mas Răngga wus kinèn nunggil | ing gamêl narpati | salêlênggahipun ||
13. nuntên jêng sunan ngumpulkên dasih | magang kang wira nom | anakira Surabrata mangke | Surakusuma myang arinèki | lan Kartadirjèki | Sindurja nakipun ||
14. winor mantri nom măncanêgari | sigêg winiraos | Pangran Mangkunêgara ing mangke | amiwiti sampun kaping kalih | bumi Ponaragi | wus kinèn angikud ||
15. pun Jaendra wau kang katuding | wus katur sang katong | lamun ngrusak ing têpis wiringe | siring kidul kilèn Ponaragi | anulya kang rayi | kinèn mapag mungsuh ||
16. Pangran Pakuningrat wus lumaris | myang bupatinya wong | Ponaraga andhèrèk lampahe | kawarnaa campuhing ajurit | akathah kang mati | mêngsah kawon sampun ||
17. Pangran Pakuningrat wus abali | gênti winiraos | Purwanêgara kinon lampahe | dhinginana mulih mring nêgari | Madiun wus prapti | pan amanggih mungsuh ||
18. lajêng tarung arame kang jurit [ju...]
--- [f. 221r] ---
[...rit] | mêngsah sampun kawon | Purwanêgara wangsul lakune | angaturakên bandhanganing mring aji |[45] jêng sunan winuni | sêmana winuwus ||
19. mapan sampun antarane lami | arsa tindak katong | mring Sokawati ika karsane | wadyabala pradangdanan sami | busêkan jro puri | atap sinomipun ||
120. Sinom
1. dyan sunan amirsa warta | yèn arsa dipun lurugi | Kumpêni lawan wong Jawa | pan arsa pêniju kalih | Pangran Mangkunêgari | warti lampah mêdal kidul | anjog bumi Kaduwang | Kumpêni mêdal lèr jogi | ing Madiun mêngkana sri naranata ||
2. kalangkung kewran kang manah | arsa tindak ana warti | manawa ta karuwunan | nulya sunan animbali | Ki Muhidin Muhyadin | ing gêdhong wetan gènipun | piyambak tanpa rencang | hèh ya kawula sun kalih | ingsun[46] tari yèn sidaa mungsuh prapta ||
3. kaya apa karo sira | lamun ingsun dèn dhingini | kasêlak kang mungsuh prapta | apa bêcik sun oncati | pa bêcik sun tadhahi | sumăngga karsa sang prabu | dening ta karsaningwang | yèn sida kang mungsuh prapti | nora sêdya gumingsir sing Ponaraga ||
4. langkung wirang gumingsira | ing sagup ingsun pribadi | agendholana ing lawang | iku sun gawe upami | kaya pa sira kalih |
--- [f. 221v] ---
rèhira kawulaningsun | antêpira ngawula | apa milu bayapati | marang isun umatur kalih wotsêkar ||
5. dhatênga ing sakit pêjah | gêsang sampun kantun gusti | saturun-turun kawula | ngabdèkna turuning gusti | tan ngimpi ngawula ji | liya saking sang aprabu | datan sêdya ngawula | antêp ămba yayah bibi | yèn tan lêrês inggih ingkang mêjahana ||
6. awal akir ămba suka | pêjah gêsang katur ngaji | durung ta ingsun pracaya | yèn durung prasêtya mami | nuli prasêtya kalih | yèn tilara sêdya mangsul | ratu lyan ngoncatana | tur kula dhatêng sang aji | kajawia sinuhun karsèng Pangeran ||
7. tan asanggup kakêndêlan | nging sampun kantun lan gusti | ya uwis ingsun tarima | aturira marang kami | kapriye sira ugi | Si Mangkunêgara iku | nuwun sumăngga karsa | ora dugamu sun tari | kang upami wrêksa gêng pang tinutuhan ||
8. ayodipun[47] dinautan | kantun wit tinêgor gampil | punika yèn karsa dora | nging kintên ămba asêpi | kalbèng pintên prakawis | dhatênga pisah lan prabu | dawêg beka kewala | langkungi[48] bêkti putra ji | bênêr turira kang dhihin mau ika ||
9. lah uwis padha mêtua | prayitnaa sira sami | awotsêkar samya [sa...]
--- [f. 222r] ---
[...mya] mêdal | jingipun Purwanêgari | turuning ing sang aji | mêngsah anglurug mangidul | Magêtan Jagaraga | wong Madiun wus ambalik | kêdhik kantun anging kang cêlak nêgara ||
10. punika têksih bêktinya | kèndêl bêbodholan aji | sunan nata ingkang bala | anulya Purwanêgari | sarencang kinèn mulih | wong kadipatèn tan kantun | winêling ja kapirsa | lakune kinèn adhêmit | atur sêmbah Purwanêgara wus bubar ||
11. anulya Ki Surabrata | Surapraja lawan malih | awasta Bratakusuma | kinèn kantun ajagani | Kaduwang pasangnèki | Pangran Mangkunêgarèku | sakèh wong Ponaraga | sadaya punika kari | nulya sunan arsa tindak sarêng enjang ||
12. Purwanêgara tur wikan | yèn mênang dènira jurit | wus katur sapolahira | langkung suka sri bupati | angandika sang aji | hèh duta jarwaa gupuh | luwi[49] tarimaningwang | dhawuhna Purwanêgari | ingsun tindak besuk esuk asaosa ||
13. pasanggrahan duta nêmbah | mit mulih luwaran aji | latri dandan tan kawarna | enjange têngara muni | tambur salomprèt suling | bêndhe bèri wor abarung | ramya amêpak tundhan | kuda jalma amêpêki | amiranti gaman budhal baris ngarsa ||
14. kadi hèrnawa balabar | asinang wadya Saragni |
--- [f. 222v] ---
rasukan sakêlat abang | kuluk ting samburat adi | surêm cahyaning rawi | lir gunung gêni lêlaku | wuri wong Jagabaya | wingkingira Saragêni | Bugis kabèh kadya mêndhung alêlampah ||
15. kula sêntana sadaya | para radèn wani-wani | wadya ngampil ngarsa nata | salomprèt anganan ngèri | garwa sêlir nèng wingking | bêdhaya pingitan agung | miwah kang para putra | sarupa samining jalmi | Suranata wingking lir sêkar sataman ||
16. tambure anurut marga | muni wor winehan suling | gandhèk jajar ing ngiringan | sikêp tawok[50] amantêsi | datan kawarna margi | wus prapta kitha Madiun | jêng sunan masanggrahan | anulya Purwanêgari | ingandikan sampun prapta ing ngajêngan ||
17. dinangu tingkahing yuda | Purwanêgara turnèki | lamun agêng mêngsah prapta | Madiun lan Jagaragi | Magêtan samya nunggil | wong Mangkunêgaran agung | Saragni polèng rêkta | anging angsal barkat aji | abdi dalêm kadhik[51] mênang dènnya aprang ||
18. wus larut mêngsah sadaya | kang dèn ungsi desa Ngawi | langkung suka sri narendra | myarsa tur Purwanêgari | luwaran sri bupati | Purwanêgara wus mantuk | tan lami antaranya | bupati dipun timbali | rayi-rayi ing kala wêktu punika ||
19. ingkang kinarya warana | Pangran Natakusumèki [Nata...]
--- [f. 223r] ---
[...kusumèki] | angandika jêng susunan | hèh yayi ing karsa mami | arsa tindak ing benjing | uwarana[52] wadyaningsun | yayi mas ing Bintara | adangdana myang bupati | ingkang rayi sandika wotsêkar wuntat ||
121. Pangkur
1. aluwaran sri narendra | enjing muni têngara tambur bèri | salomprèt suling abarung | têngara sampun budhal | pangajêng têbah tan owah tatanipun | sunan budhal saha bala | Kali Catur dèn sabrangi ||
2. makuwon Bayêm jêng sunan | nora budhal ngantos măncanêgari | tanapi mantri nomipun | sadaya dèrèng lêmpak[53] | kalih dina Dyan Suryanêgara rawuh | sangking nêgari ing Pajang | praptane tan bêkta jalmi ||
3. kentar wêngi nyalong[54] lampah | anging bêkta rencangipun kang lami | wus katur dhatêng sang prabu | anulya tinimbalan | pêpak kabèh sêntana para tumênggung | prajurit pêpak sadaya | angandika sri bupati ||
4. sira pa padha raharja | nuwun inggih sunan samya basuki | dinangu sasolahipun | tinata ture têlas | tingkah solah sadaya katur ing prabu | miwah ingakah[55] piyangkah | Pangeran Mangkunêgari ||
5. sakala mangke ngatara | surèng ati mila ămba ngoncati | mangko [mang...]
--- [f. 223v] ---
[...ko] sampun kait rêmbug | lan Gupênur Sêmarang | rêmbag matêng arsa gitik ing sang prabu | kaya priye bocah ingwang | kabèh pikire kang kari ||
6. kèwêdan abdi sadaya | langkung susah ingkang tisna ing aji | bupati para tumênggung | mantri-mantri sadaya | rêmbug nusul sangêt siningsêt sadarum | nging Măndraka Wiradigda | ămba kintên wontên wingking ||
7. amrih iribaning lampah | yèn walujêng amêsthi nuli prapti | liya punikabdi prabu | datan kêna apisah | sampun têlas ature tinundhung mêtu | ing latri nora kawarna | enjing budhal sri bupati ||
8. têngara sampun tinêmbang | daut kabèh sumrêg wadya pangarsi | wong jro wus budhal sadarum | daut kangjêng susunan | anèng wuri măncanêgara sadarum | kangjêng sunan masanggrahan | ing Tèmpèljimbung ranèki ||
9. wus atata pamondhokan | Brajamusthi ngandikakakên dhingin | mring Sokawati ingutus | ngundang Surawijaya | lan nimbali Pangran Mangkukusumèku | Brajamusthi sampun lantas | jêng sunan makuwon lami ||
10. nuntên katur Kamagêtan | wontên mungsuh agêng miwah ing Ngawi | wong alit amaro laku | kang tisna ing susunan | pinêjahan lan kagenan darbèkipun | Kumpêni langkung akathah | lan mungsuh nèng Ponaragi [Pona...]
--- [f. 224r] ---
[...ragi] ||
11. tanapi ing Sokawatya | sawurine Mas Răngga kacikan[56] malih |[57] ing Ranadipura iku | kalangan sagupita | Măndaraka sing Barija bonglot dalu | kauningan tinututan | kesisan rencange ênting ||
12. binabujung tan kacandhak | prapta Tèmpèl katur dhatêng sang aji | tinimbalan tan asantun | lawan para bupatya | myang sêntana dinangu sapolahipun | ature Ki Măndaraka | lir Radyan Suryanêgari ||
13. tawang ămba sampun têlas | èstu cidra siyos mêngsah narpati | wijil sabda tan apatut | sakawruh sampun têlas | sarêng mirsa kangjêng sunan langkung wiku | jro driya kadi ginăngsa | angandika sri bupati ||
14. adhimas Natakusuma | yèn mêngkono ya Si Mangkunêgari | wus nora sêdya rahayu | bangêt têmên ambeka | maring mami baya-baya pêsthènipun | dèrèng tutug lêlampahan | risake nêgari aji ||
15. baya wus karsaning Sukma | iya bêgjaningsun dadi narpati | manggih papa ingong puhung | mênawa na elingnya | ingsun anti atakiyar karsaningsun | angrêbat nagariningwang | ingkang padha dèn anciki ||
16. ing mêngsah sun rêbat yuda | sira Răngga dhingina sun kon kardi | pasanggrahan sakancamu | sikêp ta ingkang kanan |
--- [f. 224v] ---
Răngga matur prajurit ing jro aluwung | ngadhêpa kangjêng narendra | ngamungna wong Sokawati ||
17. damêl pasanggrahan nata | alah iya turira sun turuti | Jayèngrana sira iku | gitika Kamagêtan | dèn akêbat Mangkukusuma kanthimu | ancêpêna Kamagêtan | gawanên prajurit kering ||
18. sira Răngga ngantènana | ing lakune Si Jayèngrana iki | samya sandika turipun | jêng sunan wus luwaran | tan kawarna enjing wong kiwa wus kumpul | Jayèngrana sampun dangdan | tambur muni budhal baris ||
19. wus lumampah tan kawarna | lampahira Kamagêtan wus prapti | mêngsah kagyat samya mêthuk | arame dènnya yuda | wadya sura mêngsah panggah kathah lampus | langkung rame dènnya yuda | wong jro tan sêdya ngunduri ||
122. Durma
1. tan adangu mêngsah pan sampun lumajar | binrêrêg kathah mati | angungsi ing arga | tanapi ngungsi wona | wong bumi atêluk sami | pan ingobongan | pratăndha mênang jurit ||
2. sampun mancêp Rahadèn Mangkukusuma | ngumpulakên wong cili | wus tarub sadaya | mantri ing Kamagêtan | sampun pracaya ing ati | Dyan Jayèngrana | enjinge bubar sami ||
3. tan kawarna ing Tèmpèljimbung wus prapta |
--- [f. 225r] ---
asowan ing sang aji | lamun angsal karya | laku katur sadaya | kalangkung suka sang aji | Dyan Jayèngrana | sampun tinundhung mulih ||
4. kawarnaa adêdalon sri narendra | gupita Saosragi | ngandikakkên ngrusak | sadaya kinèn ngrayah | sawarnine wadya aji | kinèn lumampah | Suranata sapalih ||
5. kang nindhihi ki haji kang lumaksana | Ki Muhidin Muhyadin | kari têngga nata | enjing wadya anglêmpak | Wirarana anindhihi | dyan samya budhal | prapta ing Saosragi ||
6. dèn basmèni rinayah darbèke têlas | kang băngga dèn patèni | kang angusi wona | dèn suk samya binajag | akathah tuk kêbo sami | sunan kawarna | akèn ngrisak ing Ngawi ||
7. Suranata kang kantun kinèn lumampah | wong maos lan kang bêdhil | têtindhihing lampah | Muhidin lawan Marjan | Ki Muhyadin têngga aji | ingkang lumampah | wêling dalêm wus ngênting ||
8. wus lumampah Ki Muhidin lawan Marjan | wus prapta desa Ngawi | kang mring Jagaraga | prapta sowan narendra | katur satingkah anuding | sunan asuka | dinum rayahannèki ||
9. kang ngayumi ing Jagaraga binêkta | Surayuda kang nami | katur katarima | luwaran sri narendra | kocapa kang maring Ngawi | sampun rinusak | kang tan bêkti ing aji ||
10. yun binănda angamuk [anga...]
--- [f. 225v] ---
[...muk] pan sampun pêjah | jinarah sampun ênting | ing baita ngumah | miwah darbèk Walănda | wus ana ingkang nyagahi | Ngawi tinilar | di dalêm samya mulih ||
11. sampun prapta katur ing kangjêng susunan | asuka sri bupati | sigêg kang kocapa | wartane Sokawatya | ingancikan mungsuh malih | Ranadipura | Tumênggung Saosragi ||
12. nuntên Mas Răngga kinèn dhingini karya | pakuwon sri bupati | Mas Răngga wus budhal | sigêgên kang kawarna | Pangeran Mangkunêgara |[58] tara sawulan | dènnya jêmênêng[59] aji ||
13. tuwan gupênur wus prapta Surakarta | arsa angantêp jurit | pisisir[60] binêkta | Kumpêni akêrigan | Pangran Pancuran tan kari | nuntên utusan | saha amawi tulis ||
14. mring Pangeran Makunêgara kang duta | inggal Barija prapti | duta atur surat | tinampèn wus winaca | awiyos kula tur uning | dhatêng pangeran | yèn kula sampun prapti ||
15. wontên Surakarta bêkta raka dika | rayi dika prasami | wus dhatêng sadaya | punapa pangran dika | botên kangên raka rayi | lami apisah | wus wayah dèrèng panggih ||
16. yèn sawawi kula turi pêpanggihan | paserenan lan mami | miwah apanggiha | kalawan ingkang raka | tanapi kang rayi-rayi | poma dèn inggal [ing...]
--- [f. 226r] ---
[...gal] | wus titi punang tulis ||
17. pangran mapan arsa angangsuli surat | sinungkên duta aglis | caraka mit mintar | mantuk ing Surakarta | pangran duta gih bêktani | Sala wus prapta | gupênur wus kapanggih ||
18. wus tinutur satingkah polah dinuta | surat wus dèn tampani | binuka winaca | pèngêt layang manira | Pangeran Mangkunêgari | tabe akathah | dhatêng andika ugi ||
19. bapak dêlèr andika akintun surat | wus têka marang mami | sampun katupiksa | sawiraosing sêrat | bapak arsa apêpanggih | kalawan kula | gampil kapanggih wingking ||
20. yèn sawawi bapak lan karsa andika | kyai ginitik dhingin | wontên Jagaraga | punika wartanira | yèn sampun risak kiyai | samăngsa-măngsa | panggih sore lan enjing ||
21. sampun titi gupênur ngucap mring duta | yèn mêngkono duta glis | matura pangeran | ngong ginawèkna sasak | karana kèhing Wêlandi | lamun nyabranga | kasuwèn lakunèki ||
22. lawan aku dèn wèhana ing pangeran | jalma kang bêcik-bêcik | jagaa manira | lan manawa na jalma | idhêpa ing akat mami | mulane ingwang | anjaluk kang prayayi ||
23. pan mangkono karêp manira dutenggal | mit mulih tan kawarni | wus prapta Barija | katur salampahira | miwah gupênur kang wêling | nuntên pangeran | kang wadya dèn printahi ||
24. gawe sasak
--- [f. 226v] ---
paserenan sampun dadya | anulya suka uning | sigêgên kocapa | malih kangjêng susunan | sing Tèmpèl wus budhal aglis | di dalêm magang | migat samya nyarêngi ||
25. ingkang ngirid anake Dyan Surabrata | lan Sindurja naknèki | calacah wong ala | pan nora kaekutan | sunan lampahe wus têbih | sawadyabala | dhangdhang Kuniran prapti ||
123. Dhandhanggula
1. masanggrahan jêng sri narapati | ing Kuniran Mas Răngga wus budhal | enjing wus daut sang rajèng | ing Samambung wus rawuh | masanggrahan sri narapati | kawan dalu jing budhal | kawarna kang mungsuh | kang nèng Majan sampun kentar | mêdal Suluk arsa anjog Saosragi | sunan rawuh Pamajan ||
2. mêngsah mêdal Bathok lampahnèki | sunan mirsa dyan kinèn nusula | mêngsah laju katur ngrajèng | dyan putra kinèn wangsul | myang sakèhe măncanêgari | têngga nagri bang wetan | wus bubar sadarum | kangjêng pangeran dipatya | wong Madiun lan sakèh măncanêgari | sunan kèndêl Pamajan ||
3. nêm latri enjing budhal sang aji | ingkang rayi kapêthuk ing marga | Pangran Mangkukusuma lon | tur pranata mring prabu | wus dinangu lampahirèki | katur purwa wasana | tingkah polahipun | Pangeran Mangkukusuma | sira yayi
--- [f. 227r] ---
lawase ana ing ngêndi | wontên Kunthi turira ||
4. sunan lajêng prapta ing Matesih[61] | kidul Bangsri makuwon narendra | lama wadya tata pondhok | ênêngna kang winuwus | wau Pangran Mangkunêgari | mirsa kang rama prapta | Bangsri kang pilungguh | nulya pangran pirêmbagan | gawe surat bupatinipun ngrêmbagi | surat katur wus dadya ||
5. Sêcadirana ingkang tinuding | lan abdi dalêm pun Kartadipa | sowan sunan tur surate | prapta pakuwon prabu | wus cumundhuk ing ngarsa aji | caraka awotsêkar | kawula ingutus | kinèn ngaturakên surat | dening putra kalayan kang sêmbah bêkti | katura sri narendra ||
6. wus binuka punika kang bêkti | saha surat sangking Jêng Pangeran | Mangkunêgara namane | anglêlana prang pupuh | senapati mêngku ing Jawi | Jayaparusa sura | kang sampun pilungguh | ingkang tuhu nora cidra | kaatura dhumatêng Kangjêng Kiyai | Sunan Pakubuwana ||
7. Senapati Ing Ngalagèng Jurit | Ngabdulrahman Sayidin Panata- | gama Rasul ing karsane | sampuning surat katur | wiyosipun kula kiyai | ngaturakên prasêtya | tan cidra ing wuwus | kariyin dalasan benjang | datan sêja puruna dhatêng kiyai | ila-ila punapa ||
8. yèn puruna sampeyan [sam...]
--- [f. 227v] ---
[...peyan] kiyai | anggêp ămba gêgêntos jêng rama | lan sih dalêm langkung akèh | lan ămba duk rumuhun | asupata ing ngarsa aji | kadya nata tan lepyan | ngandika rumuhun | yèn ămba miwiti ala | tan basuki angowahana prajangji | kawula dèrèng lepyan ||
9. botên sêdya kawula kiyai | angowahana ing prajangjeyan | ajrih pangandika rajèng | dening ămba arêmbug | lan Kumpêni ămba ecani | tan sêja têkèng manah | ngantosi sang prabu | mangke nata sampun prapta | kadipundi kang karsa kangjêng kiyai | kula sumăngga karsa ||
10. sarêng gitik kula angladosi | abêbahan gih kula sandika | lumados ing karsa rajèng | ngarsakkên dhatêngipun | wong Kumpêni sakêdhap prapti | punapa karsa nata | kawula tumurut | ngladosi sangking têbihan | nanging sowan kawula kalakung ajrih | nuwun cukup sampeyan ||
11. botên sêja ămba tan angimpi | lamun sêja puruna sampeyan | tan ngowahi jangji mangke | nging ajrih ămba langkung | ing dêduka kangjêng kiyai | kapirsa warti kathah | duka dalêm asru | dhumatêng awak kawula | bokmênawa kirang pariksa kiyai | kawula ajrih pêjah ||
12. kalawan sampeyan cidra jangji | botên wontên [wontê...]
--- [f. 228r] ---
[...n] sosoran narendra | liya kawula ing make | mangke kèh warnanipun | ingkang kadi Mangkunêgari | lan kariyin winênang | ămba dening prabu | adamêl mocot bupatya | mangke darbe panuwun tan dèn turuti | ajrih wirang kawula ||
13. ewa sapunika sakathahing | ingkang mungêl tulis tan punapa | yèn wontên apuntên rajèng | angecakkên ing kalbu | aprakawis mêngsah Kumpêni | ecaa dhahar nendra | sampun tumut-tumut | sampuna kula piyambak | pêjah gêsang anglampahi karya aji | tan gumingsir kawula ||
14. sabudi-budi inggih kadugi | lumados karya mêngsah Wêlănda | anglampahi karsa rajèng | kawona prang ping pitu | lamun dèrèng pêjah pun dasih | sampun tulung paduka | ămba têksih purun | yèn kiyai ngeman jalma | kalihipun ambucal Mangkunêgari | nging idi mandi tuwan ||
15. dipun agêng apuntên kiyai | kawula darbe tur kathah-kathah | katingal purun sang rajèng | sumêngguh kumapurun | nuwun luput ing tulah sarik | luputa ngila-ila | asangêt anuhun | ing dêduka sri nalendra | botên purun sowan yèn tan dèn lilani | kyai panuwun kula ||
16. yèn linilan sampun dèn tulungi | mêngsah Kumpêni wus amba jarag | matia pakarya [pakar...]
--- [f. 228v] ---
[...ya] rajèng | ămba ngandikan nuwun | yèn ta dèrèng ngong angsal kardi | mangke nuwun parentah | kangjêng kang sinuhun | yèn ămba èstu binuwang | ajrih pêjah ringkês tan wande ngêmasi | ngur pêjaha margagah ||
17. yèn kiyai ngukup awak mami | sami mangke ngandikan ba prapta | icala dêduka rajèng | wus titi suratipun | angandika sri narapati | hèh ya Sêcadirana | durung mendra ingsun | ngowahana prajangjeyan | maksih emut kaya ora anglampahi | dhèwèke ingkang cidra ||
18. nulya Ki Muhyadin dèn timbali | winêling kinèn ngangsuli[62] sêrat | wus rampung mundur sira ge | gawe surat sul-angsul | sagupita surat wus dadi | nulya sinungkên duta | Sêcadiranèku | lan Kartadipa mit mangkat | ênêngêna kocapa dalu lumaris | mêngsah pun Tirtayuda ||
19. ing Jagaraga wismanirèki | Ranadipura ing Pangalusan | binêkta mantri jro akèh | Jagaraga wus rawuh | rêbut para Tirtayudèki | ing Kawu pondhokira | pangran kang winuwus | kapêthuk Ranadipura | Jagaraga tan wangwang binuru wani | lumayu minggah ngarga ||
20. pangran dipati mondhok ing Kunir | punang mêngsah rêmbug agitika | tinukup pangeran age |
--- [f. 228*r] ---
tadhah rame prangipun | mêngsah kawon akathah mati | binurubuh parannya | pangeran wus laju | ing Madiun sampun prapta | kang kocapa Sêcadirana wus prapti | sowan dhatêng pangeran ||
21. sampun katur salampahirèki | purwa madya wasana sadaya | pangeran pangandikane | kaya priye duk putus | surat ingwang sauninèki | kiyai pa aduka | Cadirana matur | sakêlangkung duginingwang | wêcana ji warahên ing putra mami | sun durung adêduka ||
22. pèngêt layang salam donga mami | Kangjêng Susunan Pakubuwana | Senapati Ngalagane | Ngabdurrahman Sang Prabu | kang Sayidin Panatagami | dhawuha marang sira | karo putraningsun | Dipati Mangkunêgara | lanang wadon sawis dhawuh salam mami | lire ki adipatya ||
23. sira kongkonan ngaturi tulis | kang kagawa Si Sêcadirana | wus sun kuningani kabèh | saunining layangmu | thole sira ngaturkên bêkti | miwah prasêtyanira | akèh katur mring sun | sakaliwat sun tarima | lan maninge tho kèh de rêrasani |[63] wicara kang nênacad ||
24. kaya durung ingsun anyidrani | marang mantri bupati sêntana | miwah putraningsun kabèh | yèn tan patut lan ukum |
--- [f. 228*v] ---
durung ingsun nyidrani jangji | dudu sun ratu panas | tanpa sastra bingung | nrang adil ing ukumolah | sira sangarsa-karsanira[64] pribadi | sok ingsun rahayua ||
25. basanira putrènggun sok wêdi | êndi kang dudu parentah ingwang | nawaa katêmu dhewe | aja sira agugu | warta corah ingkang tan yêkti | balikan sira beka | apa dosanipun | wong roro sira prih pêjah | sun lilani kang dosa salah ing kami | kang bêcik sun tan lila ||
26. anadening sira jrih ing kami | ingsun durung dêduka ing sira | ajrih basanira dhewe | lan maning ya basamu | jaluk luput ing tulah sarik | iya ingsun tan duga | basa kadya iku | mungguh ingsun karêpira | sok uga sun ngadêga ukum lan adil | panjênêngan sun nata ||
27. ingkang bê miwah kang tan bêkti |[65] ya karêpe nora ingsun maksa | iya wus sun têmah dhewe | aja kakehan wuwus | tatêlasan wangsita ugi | nora kurang pamada | kang tan dhêmên mring sun | ingkang asih nora kurang | pangalême wus jamak wong dadi aji | tan saksêrik winada ||
28. yèn sira sudi ingsun timbali | katêmua sira lawan ingwang | ngilangna kuwatir akèh | norana bêcikipun [bê...]
--- [f. 229r] ---
[...cikipun] | lamun nora têmu pribadi | ingsun kalawan sira | duwe atur tutug | lan priye ing karêpira | sira bêcik kalawan wadya Kumpêni | ingsun nora kaduga ||
29. ewasêmana mêksih sun anti | yèn jamake măngsa ta mindraa | prasêcanira wus akèh | yèn sira nora ayun | pêpagihan lan ingsun ugi | thole sakarsanira | aja têka ringsun | angsal têmên-têmên ingwang | sampun titi pangeran gumujêng bêlik | hèh ya Sêcadirana ||
30. padu apa karsane kiyai | mapan ingsun pan uwus uninga | kapok kang kalakon kabèh | kaya priye dugamu | apa têmên pangandika ji | ora angamadaka | katara ing wuwus | solah muni lawan mona | panêngêran sira wus tuwa pan uning | ing dêduga prayoga ||
31. kadi botên gusti dugi mami | kang kalair trusing kabatinan | dinugi lan lêlèjême | dhuh măngsa wurung lampus | lamun ingong seba kiyai | ngur si ngong margagaha | asab patiningsun | bêcik ingong ngadu bata | lan Kumpêni singa asor ingong gitik | ngong samar ing asmara ||
124. Asmaradana
1. tan antara wontên prapti | duta sangking Jagaraga | atur uninga lampahe | lamun pun Ranadipura | kawon dènira aprang |
--- [f. 229v] ---
miwah kang mantri jro iku | mêngsah pangeran dipatya ||
2. nulya duta kinèn bali | animbalana sadaya | kang kawon aprang sakèhe | duta mit wangsul anêmbah | wus lêpas lampahira | sigêgên ingkang winuwus | kangjêng sinuwun kocapa ||
3. dawêg angsal gangl[66] latri |[67] sunan pindhah pasanggrahan | ing Bangsri salèring lèpèn | salatri enjing na prapta | aran Surawijaya | ngirid saêlèr dêlanggung | akathah gêgamanira ||
4. kapal wontên kawan biting | ingkang binêkta asowan | katur tinimbalan age | lan Pangran Natakusuma | sang nata langkung suka | bupati pêpak sadarum | sowan wontên ing ngajêngan ||
5. angandika sri bupati | hèh sira Surawijaya | sun tan nyana seba mring ngong | dening wus mukti wibawa | milu Mangkunêgara | mêngko asowan maring sun | apa sira nora mirsa ||
6. kalurung sira puniki | lamun gagêtuna |[68] ngawula ratu nistha ngong | panas cinacad ing wadya | ingaran ratu sangar | kang tan sih nacad sadarum | têka sira asuwita ||
7. amasthi papa sirèki | umatur Surawijaya | anuju prana ature | kawula nuwun sang nata | pan sampun ămba têmah | sampun dhatêng sakit lampus | datan gumisir ing karya ||
8. botên darbe ratu kalih | angandika jêng susunan |
--- [f. 230r] ---
sira nungkul pa mulane | wotsêkar Surawijaya | sawab têbih narendra | sêja ămba ngêmpèk laku | kadamêl băndha kèringan ||
9. mila mangke sowan aji | angunjukkên pêjah gêsang | konjuka di dalêm kabèh | sumăngga karsa jêng sunan | ămba darma lumampah | apa têmên bêkti mring sun | pun dasih nuwun sinêcan ||
10. yèn tan kandêl turing dasih | kula sumăngga ngabahan | kapranan kangjêng sang rajèng | ki pangulu tinimbalan | anulya sinupatan | waradin mantri sadarum | miwah Ki Surawijaya ||
11. nêlas supata agami | angandika jêng susunan | Surawijaya sun taros | apa si wani aprang |[69] lawan mungsuh Wêlănda | wong Jawa mungsuh ngong agung | purun sunan ingabêna ||
12. inggih sababot pun dasih | sênadyan mêngsah punjula | yèn lumados karya rajèng | ajur luluh wor lan kisma | suku-sukua dhadha | tan gumingsir abdi prabu | rêmak dipun bandhêmêna ||
13. angsal pun dasih aurip | mênawa kawula pêjah | akathah-kathah ature | langkung suka sri nalendra | mirsa aturing wadya | sura lêgawa ing kayun | Surawijaya aladak ||
14. hèh ya wong kawula bumi | mantri-mantri sun sadaya | kang anyar bocah sun kabèh | aturira apa padha | lir Si Surawijaya | umatur mantri sadarum | sawiji
--- [f. 230v] ---
norana siwah ||
15. langkung sukane sang aji | miyarsa ture kang wadya | jêng sunan pangandikane | hèh yayi Natakusuma | miwah adhi Bintara | myang Pakuningrat riningsun | adhimas Mangkukusuma ||
16. Răngga myang Suryanêgari | Jayèngrana Wiradigdi |[70] Măndra myang kèh wadyèngong |[71] iya kabèh pirsakêna | mêngko Surawijaya | sakancane ingsun pundhut | kabèh wong saêlor dalan ||
17. ngong kawulakên pribadi | sun lilana arêbuta | kidul kulon dalan kabèh | sapangidule yèn kêna | sakawasane ngrêbat | lan dadia lurahipun | namane Surawijaya ||
18. ngong pundhut sun lèhkên nami | aran Tumênggung Lap-alap | mantrine têtêpa kabèh | sadaya nuwun anêmbah | nulya tinundhung mêdal | nuntên gantos tigang dalu | mantri jro Mangkunêgaran ||
19. têluk katur dèn timbali | mantri têtiga wus prapta | ngunjukkên pêjah gêsange | tiniti-titi mênawa | laku sandi upaya | suka supata sadarum | anulya samya dèn imbar ||
20. ingapura jalma katri | ginadhah Natakusuma | sigêg ingkang kocap mangko | Mangkunêgaran winarna | Ranadipura prapta | pangran owah jangjinipun | akarsa adhinginana ||
21. kaping kalih kala dhingin | duk agitik [agi...]
--- [f. 231r] ---
[...tik] Ki Mas Răngga | Ranadipura wus kinon | pacak baris angriwuka | Saluwak Pacangakan | mantri jaba ingkang tumut | mantri jro têtindhihira ||
22. wus pacak barisan sami | mirsa wadya kasunanan | yèn amiwiti mungsuhe | anulya pinatah-patah | amiranti panggonan | tan kêna pinrih ing kewuh | Sokawati ingkang wetan ||
23. Mas Răngga ingkang nênggani | nanging kancane kewala | kang nèng ngarsa barisane | wong Kambêng Wongsanêgara | barisnya yun-ayunan | sabên dina aprang pupuh | rêbat bawah gênti kalah ||
24. ingkang sakilèn bênawi | Brajamusthi kang atêngga | kang kilèn lèr dalan gêdhe | Ki Tumênggung Alap-alap | baris sakancanira | mêngsah sakidul marga gung | Pangeran Cakranêgara ||
25. sawadyanira prasami | wong Bagêlèn samya pêpak | Sawunggaling têtindhihe | kalawan Tirtanêgara | myang sira Cakrajaya | wong Paos samya akumpul | têtindhihe Wiranata ||
26. lan sakancanira mantri | miwah pun Kartanêgara | sabên dina aprang rame | pangeran èsmu kuciwa | wadyanya kathah pêjah | kabandhang dandananipun | kapal kris waos sênjata ||
27. bandera katur sang aji | icir sakèhing bandhangan | langkung [lang...]
--- [f. 231v] ---
[...kung] sukane sang rajèng | de kang wadya angsal karya | Wiranata kocapa | datan eca manahipun | angabdi Mangkunêgaran ||
28. gumiwang mendra ing ati | arsa bêkti mring jêng gunan[72] | wus anduta ing kakange | Ki Surajaya ranira | jujug Natakusuman | binêkta sowan malêbu | bupati pêpak sadaya ||
29. dinangu lampahnya uni | matur kinèn Wiranata | arsa ngabêkti sang rajèng | akathah-kathah aturnya | ananggung saniskara | nanging tan kandêl ing wuwus | yèn cidra Ki Wiranata ||
30. sanggupe ingadu wani | anulya ta dipun imbar | supata ngagama êntèk | kangjêng susunan ngandika | dhimas Natakusuma | wong Mateseh pan wus kumpul | inggih sampun sami prapta ||
31. mantri ingkang tumut sami | Pangeran Mangkunêgara | kajawi cêlak wismane | ing pabarisaning mêngsah | di dalêm suyud samya | Răngga Panambangan kumpul | prapta bêkti ing narendra ||
32. langkung suka sri bupati | nulya samya sinupatan | tinêtêpakên bumine | angandika sri narendra | adhi Natakusuma | bumi pangruwil sadarum | padha sira têdhakêna ||
33. Kapilih Suranatèki | Bugis Saragni sadaya | miwah Brajayuda kabèh | myang Pamijèn de warata | nêmbah ture sandika | poma dèn wrata sadarum | inggih sandika sri nata ||
--- [f. 232r] ---
125. Sinom
1. nuntên wontên duta prapta | sing Waos[73] sowan sang aji | yèn kang abdi mênang aprang | ngaturkên bandhangannèki | anwuk[74] barkat narpati | pun Alap-alap Tumênggung | suka sri naranata | duta nulaka tumuli | sun tarima karyane Si Alap-alap ||
2. anulya Ki Surajaya | wus tinundhung kinèn mulih | nginggalakên Wiranata | aluwaran sri bupati | wontên Bali siji |[75] Udanpanas wastanipun | won tingkahnya tur surat | mring Pangran Mangkunêgari | datan ana kang udani polahira ||
3. ênêngêna kang winarna | ingkang abaris ing ngarsi | Kemas Răngga parêmbagan | kalangkung wirang awêdi | dening Lap-alap uni | kêrêp tur bandhangan prabu | rêmbag mantri sadaya | tanapi sêntananèki | mêngsah kinèn nginggalkên pinrih suraa ||
4. ngajonana punang mêngsah | arsa ginitik pribadi | tapi ja katon nitinya | wus rêmbag enjing kang abdi | anulya amêdali | anglalèdhèk punang mungsuh | dipun purih galaka | ingkang kinèn manggalaki | wong pangarsa awasta Wăngsanêgara ||
5. Ki Mas Răngga asiluman | punang mêngsah amêdali | arame dènnya ayuda | mèh lali rêmbug kang jurit | emut sampun kalindhih | mêngsah sura brêrêg asru | galak tan uning baya | mêngsah sampun dèn ingêri | dyan tinêmpuh sangking kering mêngsah kagyat ||
6. tata rusak Wirarana | anulya angamuk wani | samya bali kang lumaywa | anyandêr sarêng
--- [f. 232v] ---
ngêbyuki | kang katarajang gusis | Mangkunêgara lumayu | tadhah-tadhah katulak | rusak akathah kang mati | binalêdig lanud Mas Răngga anunjang ||
7. mêngsah wêwah rusakira | salang tunjang niba tangi | ana kang bucal rasukan | dandanan myang bucal kêris | kèh tiba sing turanggi | kang urip andhêlik agung[76] | binuru niba-niba | Ranadipura mèh mati | dèrèng untu[77] lumayu sasanakira ||
8. ingêsuk mèh ta kacandhak | dandanane dèn buwangi | waos dhuwung lan bandera | bêdhil kapal kathah kêni | nulya kasaput wêngi | kang mênang prang samya mundur | angumpulkên bandhangan | waos bandera lan bêdhil | dhuwung mantri kang mati kalangkung kathah ||
9. awor kang sami binucal | wus kinumpulakên sami | cacah kapal kalih dasa | lajêng ngaturkên sang aji | asuka sri bupati | kang wadya mênang prangipun | dening ta Ki Mas Răngga | taksih lajêng pacak baris | kawarnaa mêngsah lajêng palayunya ||
10. atur uningèng gustinya | Pangeran Mangkunêgari | langkung duka sarêng mirsa | katur Mas Răngga kang gitik | saya runtik ing galih | Mas Răngga paraning nêpsu | lir tinantang tampannya | dhasar dhêmên-dhêmên kêling | agarêgut manahe kangjêng pangeran ||
11. arsa tinindakan dhawak | akathah [aka...]
--- [f. 233r] ---
[...thah] ingkang ngaturi | nulya arsa ginêdhenan | ingkang kalah kinèn bali | binanton kang Saragni | abrit cêmêng ijêm iku | sawaose sadaya | pinacèh kèn pulih gêtih | langkung gênge gêgaman nging tan katingal ||
12. nèng ngarsa nging ingkang kalah | wus prapta wong padha wani | pan sampun ajêng-ajêngan | Mas Răngga wus mirsa warti | mêngsah gêng anduta glis | atur uning ing sang prabu | yèn mêngsah gêng kang prapta | praptèng Bangsri katur ngaji | sawêlinge Mas Răngga kagyat sang nata ||
13. gêpah nulya binantonan | Jayèngrana kang lumaris | sakănca prajurit kiwa | Bugis lawan Saragêni | sampun winêling-wêling | wus pamit budhal sadarum | lampahnya gêgancangan | sarêng surup dènnya prapti | pirêmbagan sangmya[78] arsa dhinginana ||
14. mupung mêngsah dèrèng wikan | mapan arsa dèn daloni | mêngsah sakalangkung weya | ngandêlakên gêng kang baris | tan mirsa dèn bantoni | arsa gitik injingipun | rêmbage sampun dadya | anulya dèn kariyini | dinalonan sarêng byar mêngsah wus dangdan ||
15. abdi dalêm sampun prapta | anulya anêmpuh wani | mêngsah kagyat nulya tata | anulya sami mêdali | dyan campuh punang jurit | kang bêdhil samya gumrudug | arame long-linongan | brêrêg-binêrêg prasami | punang mêngsah kalindhih sampun [sa...]
--- [f. 233v] ---
[...mpun] lumaywa ||
16. jinêjêl akathah pêjah | kèh tiba sangking turanggi | binêrêg kalangkung risak | gêgaman dipun buwangi | kathah bandhangannèki | waos bêdhil lawan dhuwung | tanapi kang bandera | kapale akathah kêni | punang mêngsah banêrêg[79] lantas wus têbah ||
17. ingkang brêrêg sampun nulak | ngumpulkên bandhangan sami | sadalu arêrêmbagan | arsa mundur sowan aji | dening mêngsah wus têbih | punang bawah wus karêbut | enjinge wus pinatah | mantri ingkang agêntèni | kang atêngga têlukan bawah ing mêngsah ||
18. anulya sami bubaran | Mas Răngga sakăncanèki | miwah Radèn Jayèngrana | ing Bangsri pan sampun prapti | asowan ing narpati | tur bandhangan waos dhuwung | bêdhil lawan bandera | tigang dasa kang turanggi | tumbak bêdhil pinaringakên sadaya ||
19. andangu tingkahing yuda | katur marwata suta ji | aluwaran sri narendra | kang asowan bubar mulih | eca galih narpati | bêdhayan siyang lan dalu | katingal ngeca-eca | batin rujit nging agami | datan lepyan yèn ganjaraning Yyang Sukma ||
20. sêmana sampun arata | Mateseh lan Sokawati | wong alit suyud sadaya | Ranadipura ing nguni | ngriwuk mêdal ing ardi | Pangalusan ênggènipun | pinurugan Mas Răngga | ingêsuk saparannèki | ngungsi ngarga ngical [ngi...]
--- [f. 234r] ---
[...cal] tanbuh paranira ||
21. wong cili manah wus eca | kocap kang nèng Pajang baris | Pangeran Cakranêgara | kawalahên dènnya jurit | pan sampun dèn bantoni | pangeran ingkang lumaku | nama Mangkudiningrat | binêktanan Saragêni | wadya cênèng sabugisira sadaya ||
22. wus prapta tanah ing Pajang | ayun-ayunan kang baris | lan Tumênggung Alap-alap | arsa gitika tumuli | sêmona sampun dadi | rêmbagipun punang mungsuh | Ki Tumênggung Lap-alap | angrasa karoban tandhing | wus anduta atur uningèng narendra ||
23. lumaksana punang duta | inggal ing Bangsri wus prapti | wus katur kangjêng susunan | tinimbalan marang ngarsi | katur salampahnèki | purwa wêsana wus rampung | dyan gêpah tinulungan | bupati dipun timbali | Jayèngrana kang kinèn sakancanira ||
24. winêling sampun anêlas | kinèn samya ngati-ati | sadaya matur sandika | Pangran Pakuningrat uni | sakancane Pamiji | kabèh ngandikakkên tumut | Radèn Suprameya |[80] lan Ki Bênêr lurahnèki | gêng aluhur patut lamun asuraa ||
25. Rahadèn Suraprameya | dêdêling anjungkarangi | tur sêntananing narendra | angandika sri bupati | Pakuningrat ri mami | miwah Pamijèn sadarum | padha sira milua | sêsinau andon jurit | dèn prayêtna aja sira apêpeka ||
26. dèn emut ing jêjêrira | elinga
--- [f. 234v] ---
padha prayayi | iku sakèh wadyaniwang | padha wong desa sayêkti | saprandene nglangkungi | padha dèn wirang sadarum | yèn karia ing karya | lamun abot sun tulungi | poma-poma lah uwis padha mangkata ||
27. samya umatur sandika | anêmbah anuwun pamit | mugi antuka kang barkat | sinuwun pada sang aji | ămba darma nglampahi | ing pakarya sang aprabu | jêng susunan ngandika | iya uwis sun amini | poma-poma aja na ingkang mundura ||
126. Durma
1. sampun mangkat Radèn Arya Jayèngran |[81] sakănca kiwa sami | Pangran Pakuningrat | myang pamijèn sadaya | sampun lantas lampahnèki | agêgancangan | datan kawarna margi ||
2. sampun prapta barise Ki Alap-alap | panggih sipêng sawêngi | samya rêrêmbagan | arsa banjêla enjang | wus rêmbag cucuking jurit | mijèn sadaya | Jayèngrana nèng wingking ||
3. Alap-alap sakănca mêdal ing kanan | enjinge budhal sami | amarêngi mêngsah | sadaya arsa nglarag | sarêng dènira lumaris | mijèn agancang | prasamya adol kardi ||
4. Jayèngrana pisah margi sakancanya | dadya pangawat kèri | Tumênggung Lap-alap | lampahe tan katingal | pamijèn maju pribadi | sakancanira | kang nindhihi ing ngarsi ||
--- [f. 235r] ---
5. Kyai Bênêr kalawan Suraprameya | pangran taksih nèng wuri | wus cêlak lan mêngsah | lêt lèpèn yun-ayunan | mêngsah kumpul kidul kali | mijèn sadaya | anèng saloring kali ||
6. katêlanjur dhêdhêg ngantosi ing wuntat | nolèh-nolèh ing wingking | norana katingal | kewran gêtun ing manah | ngikêt niyat ambêk pati | maju kang mêngsah | anantang padha bêcik ||
7. nguman-uman pamijèn saurnya sugal | majua sun tadhahi | kang mêngsah angucap | kaya dudu prawira | sira ingkang amurugi | ingong atadhah | rêbat akèn nyabrangi ||
8. mêngsah ngucap aranmu padha arahan | dudu arahan mami | bantu sing Bangsri wang | mêngsah samya asuka | witning sira wong abêcik | tan wani nyabrang | sarya dèn isin-isin ||
9. rupanira sigit-sigit eman pêjah | bagus tan idhêp ngisin | lah padha mundura | yèn wêdi lumayua | bramatya pamijèn sami | ngong plaur pêjah | ngantia sun sabrangi ||
10. mêngsah suka nganti baturmu ing wuntat | kaya dudu wong bêcik | Ki Bênêr angucap | mara barênga nyabrang | tan sêdya mundur sanyari | mêngsah gêgonjak | padu-padu wong ajrih ||
11. sapa ranmu ingong nora duwe aran | ajrih ngong têtêngêri | samya suka-suka | dèn pêpanas kang nala |
--- [f. 235v] ---
jrih ngong cêlak sun unduri | kene kèh dunya | wong wadon bêcik-bêcik ||
12. lamun sura dêdohun sira nyabranga | sarya dèn isin-isin | capêng krênanira | Bênêr laku bramatya | wêdana lir wora-wari | Suraprameya | runtik jajanya abrit ||
13. mijèn ngucap ki lurah dawêg anyabrang | panase ingkang ati | nulya samya mara | èwêd margi satugil |[82] ariyon tan purun dhingin | dika ki lurah | nyabranga ngong tut wingking ||
14. alah iya ing wuri padha nyabranga | sadaya saur pêksi | nulya prajangjeyan | ingkang kinèn bêrêga | Suraprameya nèng wingking | Ki Bênêr nyabrang | migah mêngsah ningali ||
15. angêbyuki punang mêngsah barêng mara | Bênêr tan bisa bali | kalarop[83] lakunya | rencangnya kapêpêtan | wong pamijèn samya bali | Bênêr apanggah | prangira ambêk pati ||
16. kinarubut Ki Bênêr ginrumung kathah | angamuk ngobat-abit | kang katrajang bubar | wingking tangkêp ngiringan | lagya pangrêksaning cidi[84] | tan kongsi cêlak | ngamuk lir singa karti ||
17. wong pamijèn ting jalêrit kèn balia | lurah dèn ngati-ati | wangsula kang kêbat | mêngsah agêng kang prapta | tan wande dika ngêmasi | cêluk kewala | nora sêdya nulungi ||
18. mêngsah gêng prapta amêpêti ing marga | angarubut ing
--- [f. 236r] ---
jurit | Bênêr bingung sayah | atap pinarêbutan | kidul wetan lèr mêpêti | wus katitihan | Ki Bênêr angsal margi ||
19. ingkang kilèn padhang Ki Bênêr lumayya | nyandêr nyana yèn urip | dèn nyana na marga | mêngsah bêrêg sadaya | kang kidul samya ngêbyuki | kang lèr anyêgat | sayan èwêd kang kali ||
20. binutuhkên kabêtah tanbuh polahnya | Ki Bênêr ngamuk malih | nanging karepotan | lumayu mubêng desa | Suraprameya anjêrit | akèn tulunga | malah swarane mati ||
21. arsa tinumbakan kancane tan obah | uning Bênêr mèh mati | Ki Suraprameya | sampun angikêt niyat | kudanira dèn camêthi | sampun anyabrang | atulung ngamuk wani ||
22. kang mêpêti marga ingamuk wus bubar | ngisis dados satunggil | Ki Bênêr wus sayah | binuru mubêng desa | mèh ta dhidhik angêmasi | dyan katulungan | Ki Alap-alap prapti ||
23. lajêng nêmpuh mêngsah rame langkung tadhah | long-linongan kang jurit | pan aganti pêjah | prapta Dyan Jayèngrana | sakănca anêmpuh wani | miwah Pangeran | Pakuningrat anunggil ||
24. wong pamijèn angsal bênggang wus anyabrang | anulya angêbyuki | ramya lêng-ulêngan | kang mêngsah karepotan | lumayu aniba tangi [tang...]
--- [f. 236v] ---
[...i] | Ki Alap-alap | pamburune angukih ||
25. Ki Bênêr anglangkungi pamburunira | sêjane pulih gêtih | tan etang wong dharat | linancangan kewala | kang dèn prih sipat prayayi | ingkang kacandhak | sami kinèn sumingkir ||
26. palayune mêngsah angidul mangetan | Jayèngrana mêgati | mêngsah saya rusak | kathah tiba sing kapal | kang kacandhak dèn pateni | bêdhil lan tumbak | bêndera lawan kêris ||
27. kadya êram wau ta ingkang bandhangan | pangeran kalih wuri | saha wadyanira | tumingal wadya kalah | gègèr samya ngati-ati | nulya tinunjang | de rencang sangking ngarsi ||
28. wadya kalah norana etang bêndara | sangking jrihira mati | ingkang saya susah | tanbuh mungsuh lan rowang | tan wangwang anêmpuh wani | Ki Alap-alap | adan dipun tadhahi ||
29. anujoni Pangeran Cakranêgara | gumrudug ingkang bêdhil | kang angamuk rampak | wadya Cakranêgaran | kalindhih kathah kang mati | pangran umangsah | Mangkudiningrat uni ||
30. Jayèngrana sakancane anarajang | gumêrdêg ingkang bêdhil | ramya caruk watang | wong Mangkudiningratan | kèh pêjah wiwrin kang urip | binuru rampak | katunjang pangran kalih ||
31. pangran kalih malang wadya ingandhêgan |
--- [f. 237r] ---
tan kenging nunjang wani | ana kang tinumbak | nanging maksa lumaywa | katut pangeran kalindhih | kalangkung risak | prajurite kèh mati ||
32. wadya mantri tiba sing kapal kèh pêjah | norana măngga pulih | binujung atêbah | kang buru sampun nulak | ngumpulkên bandhangan sami | ingkang lumajar | ing wingking tan tinolih ||
127. Pangkur
1. lajêng lantas palajêngnya | pangran kalih datan kandhêg ing margi | lajêng sowan lampahipun | ngunjukkên pêjah gêsang | dhatêng Pangran Mangkunêgara ta wau | umatur sapolahira | purwa wêsana wus ênting ||
2. Pangeran Mangkunêgara | sakêlangkung bramatwunya[85] tan sipi | jaja brit lir mêdal marus | lir nuwêk tanpa dosa | ingkang rayi mapan dinukan sadarum | wis mênênga ariningwang | ngacèwès tan ngago isin ||
3. kalah lawan Alap-alap | baya sira dudu sadulur mami | dening ngadêl aumur |[86] tumungkul tan angucap | sirêp kabèh langkung ajrih kang angrungu | pangran dukane kalintang | pan arsa tindak pribadi ||
4. undhang sakèh wadyabala | krêrig kabèh arsa tindak ing injing | ing latri nora kawuwus | enjing nêmbang têngara | tambur bèri bêndhe ngungkung sampun kumpul | wadya turăngga gumêrah | kêrigan budhal sira glis ||
5. jêng pangeran langkung duka | lir
--- [f. 237v] ---
sinipi pangeran karsanèki | Ki Alap-alap Tumênggung | myang Radèn Jayèngrana | babarpisan karsane arsa cinakup | pangeran asru ngandika | bocah pirsakêna mami ||
6. yèn kacandhak Alap-alap | Jayèngrana ora ingong uripi | ngong suduki wadya agung | usus gawe balabar | gêthing ingong wong iku makewuh laku | sun tindaki pan sapala | sabobot norana tangdhing[87] ||
7. yèn wus kalah ariningwang | wadyaningsun nora nana nadhahi | iku têka gêthing ingsun | ngêndika turut marga | ênêngêna kocapa kang mênang pupuh | abdi dalêm kasunanan | bandhangan wus kumpul sami ||
8. waos bêdhil lan bandera | miwah dhuwung binokokan[88] prasami | kapal sèkêt cacahipun | Jayèngrana wus bubar | sakancane ambêkta bandhangan agung | praptèng Bangsri lajêng sowan | wus katur salampahnèki ||
9. tanapi ingkang bandhangan | katur kabèh asuka sri bupati | kapal bêdhil kuluk cênthung | kang bêcik pinilihan | wus pinilih waos bêdhil lawan dhuwung | pinaringakên sadaya | mring Ki Alap-alap sami ||
10. sri nalendra wus luwaran | abdi dalêm sadaya sami mulih | sigêgên ingkang winuwus | Tumênggung Alap-alap | ingkang kantun prayitna sakancanipun | sampun amirsa kang warta | pangeran tindak [ti...]
--- [f. 238r] ---
[...ndak] pribadi ||
11. yèn ingarah patinira | rêrêmbagan sakancanira sami | arsa ingoncatan wau | wus pinaro kancanya | kang sapalih Suradirja tindhihipun | saparo Ki Alap-alap | jangji norana nulungi ||
12. anulya pangeran prapta | langkung dhêndhêng wau kang punang baris | pangeran gêlak wadya gung | lajêng jujug kewala | Alap-alap atata sakancanipun | wadya Kamangkunêgaran | anyandêr anêmpuh wani ||
13. Ki Alap-alap wus mendra | malajêng ngilèn binuru ngungsi ngardi |[89] Suradirja nêmpuh pungkur | binalik wus lumaywa | Alap-alap anjog Soca lampahipun | ngetan anjog dasa[90] Sela | angalèr gitik sing wuri ||
14. ingkang wingking ngungsi marga | barisira Mangkunêgaran malih | Ki Alap-alap lumayu | binujung tinun[91] wuntat | saparane ingêsuk minggah ing gunung | ngalèr Kêmadhu jinogan | ngalèr anjog Bayalali ||
15. kari kang buru kelangan | Alap-alap mangetan kang dèn jogi | dhusun ing Tawas iku |[92] Suradir winarna |[93] binabujung ngalèr anjog Sima iku | kang aburu wus hnulak[94] |[95] pangeran arêrêb sami ||
16. sadaya sami ngrêrayah | Alap-alap anyamur lampahnèki | rencange kapalan satus |
--- [f. 238v] ---
asamun lampahira | wong Mangkunêgaran samya arêramu | kêbo sapi pari bêras | sapuluh kapalannèki ||
17. lampahira ngeca-eca | kaduluran Lap-alap anèng wuri | arêrasan wong sapuluh | ngrasani Alap-alap | ingkang tan wruh apa baya warnanipun | kang aran Ki Alap-alap | ingong pan arsa udani ||
18. wartane kagila-gila | kang udani nauri jamak jalmi | andhap alit sor warnèku | lamun ora siyaga | nora sipat prayayi kapanggih purun | tandhinga padha satunggal | nadyan kalih ingong wani ||
19. lagi winongwong kewala | satêmêne lêksanane sang aji | sunan gêng prabawanipun | wong cili darma apa | ngeca-eca rêrasan turut dalanggung | Ki Alap-alap miyarsa | atanya wacana aris ||
20. kisanak apa rinasan | wong sapuluh kang rêrasan nauri | puniki sanak tan wêruh | tanya Ki Alap-alap | mirsa tutur dèrèng uning warnanipun | Ki Alap-alap angucap | yèn wontên ayun punapi ||
21. apa baya durung awas | ing warnane Alap-alap prajurit | uning sakêdhap netrèku | ngucap Ki Alap-alap | iya aku Alap-alap surèng kewuh | bocah brêngos tumpang sanga | pinarada tur tinêpi ||
22. apa
--- [f. 239r] ---
dudu apa ora | lah wawasên matamu dèn abêning | yèn nyata priye karêpmu | apa gênti curiga | anyuduka ênya gonên kêris ingsun | wong sapuluh tanpa ngucap | gumêtêr kalangkung ajrih ||
23. ingkang sakawan lumajar | ingkang nênêm sami dèn palacoti | kapal waos dhuwungipun | myang dandanane pisan | wus barundhul Ki Alap-alap amuwus | bocah sira talènana | binasta wong nênêm sami ||
24. binêkta mring pondhokira | wong binănda sadaya dipun tari | samya nuwun uripipun | lah iya supataa | nuwun-nuwun supata agama rasul | nulya sami inguculan | jalma waraha tumuli ||
25. yèn ingong maksih sudira | nèng Tanawas iya ingong ngantèni | lah tutura ing gustimu | anuwun tur sandika | sampun kintar wong nênêm mantuk angunthul | wus prapta ing pamondhokan | katur pangeran sira glis ||
26. pangran kalangkung bramantya | kinèn nglarag Alap-alap ngoncati | mangilèn mingêr mangidul | kang bêrêg padha nulak | sampun katur Ki Alap-alap nèng kidul | pangeran langkung bramêtya | dhusun kinèn angabongi ||
27. sarta samya kinèn ngrayah | saha bala prasamya ngrayah uni | Ki Alap-alap dèn bujung | ngoncati [ngonca...]
--- [f. 239v] ---
[...ti] pigir ngarga | jêng pangeran bramêtya arsa angêsuk | umatur Kudanawarsa | gusti mindhak angêsêli ||
28. tur măngsa anarungana | yèn kaparêng punika ngalecani | gusti mêmirang kalangkung | dede bobot sampeyan | yèn sawawi tinêgor ing uwitipun | aluwung ing rama dika | tinarajanga tumuli ||
29. kawon mênangipun asab | samandene gusti rencang Kumpêni | kaparêngan batên tarung | anênonton kewala | pundi kang kawon gusti sami binubuh | wus rêmbug anulya nulak | prapta pasanggrahan malih ||
30. lajêng samya rêrêmbagan | pêpak sakèh sêntana miwah bupati |[96] sadaya sami arêmbug | anginggalkên kang lampah | saprandene pun dêlèr kariyin sagup | akèn andamêlna sasak | ing mangke pan sampun dadi ||
31. pangeran langkung arêmbag | sarêmbage sêntana myang bupati | pangran minta kang dèn utus | wadya ingkang prayoga | ing wignya wêcana sura inggih rêmbug | duta sampun ingisenan | winêling lir dhangdhanggêndhis ||
128. Dhandhanggula
1. duta nêmbah dyan mintar tumuli | kang lumaksana dhatêng ing Sala | asung uninga lampahe | dhumatêng dêlèr wau | sarta ngajak sami agitik | dhumatêng ing susunan | Bangsri ênggènipun | datan kawarna ing marga | duta [du...]
--- [f. 240r] ---
[...ta] cundhuk lawan dêlèr micara glis | tuwan kula dinuta ||
2. dening gusti pangeran tur uning | lamun susunan trêp mêsanggrahan | anèng Bangsri pakuwone | pangeran nêdha rêmbug | tuwan idlèr angucap aris | ya matura pangeran | payo padha maju | kang nèng Bangsri pinaranan | duta ngucap gih tuwan langkung prayogi | sasak lama wus dadya ||
3. iya uwis matura dèn aglis | sawurènira pan ingong mangkat | pangeran turana age | poma ta dipun katur | mring pangeran satêka mami | poma matura egal | dèn kêbat lumaku | mangkata satêkanira | duta amit mapan wau sampun mulih | kang wingking pradangdanan ||
4. tambur gumêr salomprèt lan suling | bêndhe ngungkung gumrah kang turăngga | kumpul langkung gêgamane | wadyabala lumaku | pangrik kuda asru amlingi | gadêbêging lumampah | golong dharatipun | sampun samya nyabrang sasak | tuwan dêlèr wus prapta wetan bênawi | kumruwuk kang lumampah ||
5. kocapa Pangran Mangkunêgari | duta prapta katur lampahira | miwah pun dêlèr wêlinge | dyan suwarèng wadya gung | kang têngara tambur lan bèri | bêndhe muni sauran | wus kumpul wadya gung | langkung gêng ewon alêksan | pan gumêrah syaraning wadya gêng alit | panjrit turăngga kathah ||
--- [f. 240v] ---
6. adan budhal gêgaman pangarsi | nora owah lan tataning lawas | ting karêdhap ganderane | tan kawarna ing ênu | masanggrahan pangeran aglis | ing Barawatu rannya | dêlèr mondhok Gêmblung | sigêgên ingkang kocapa | wadya aji pangarsa enggal tur uning | aran Wăngsanêgara ||
7. myang kang kidul sarêng dènnya prapti | anjujug Pangran Natakusuma | wus binêkta sowan rajèng | pangran nêmbah umatur | abdi dalêm pangarsa prapti | sinuwun tur uninga | mêngsah sami maju | punika abdi narendra | kalih pisan angandikan sri bupati | kapriye ing wartanya ||
8. Wăngsanêgara matur ngabêkti | kawula nuwun atur uninga | pun dêlèr lajêng lampahe | amondhok wontên Gêmblung | sakêlangkung gêng ingkang baris | Jawi tumut sadaya | pasasir[97] sadarum | warti sarêng lan pangeran | karsanipun arsa agitik ing wêngi | angandika narendra ||
9. ana pira cacahe kang prapti | matur nêmbah sunan wartining lyan | sarupine dêdamêle | salêksa limang èwu | nuwun bilih cidra ing warti | andangu sri narendra | mring wadya kang kidul | ingkang atêngga tampingan | apa nyata hèh ya jalma ambarêngi | lawan Mangkunêgara ||
10. kawula nuwun sri narapati | botên siwah ing pawartinira | ginggih[98]
--- [f. 241r] ---
nyarêngi angkate | mila ămba agupuh | angaturi uningèng aji | mangke putra paduka | mondhok Barawatu | wadya daut sing Barija | sêpi titis karsane angantêp jurit | tan tanggêl karsanira ||
11. sampun rêmbag kalawan Kumpêni | arsa gitik ing dalu punika | wus amêsthi ing karsane | angandika sang prabu | timbalana ta ari mami | yayi mas ing Bintara | lawan ariningsun | yayi Mas Mangkukusuma | atanapi sakèhe para bupati | myang Pangran Pakuningrat ||
12. nuwun nêmbah duta mintar aglis | kang nimbali Pangeran Bintara | Pangran Mangkukusumane | myang bupati sadarum | tan adangu ngajêngan prapti | asowan ing narendra | wus pêpak sadarum | angandika sri narendra | yayi êmas Bintara sira sun tari | tanapi Pakuningrat ||
13. Natakusuma lan ari mami | Mangkukusuma miwah Si Răngga | Jayèngrana lan sakèhe | bupati sun sadarum | atanapi prajurit mami | padha sira matura | kang gêdhe cili ku | ingsun tari pikirira | aja taha prakara ing laku iki | kang bêcik linakonan ||
14. apa iya mungsuh sun tarungi | atanapi nora narungana | ya ingsun anurut bae | rêmbuge sanak ingsun [ingsu...]
--- [f. 241v] ---
[...n] | atanapi para bupati | miwah sêntananingwang | matura sarum |[99] sakèhe para sêntana | myang bupati tanapi para prajurit | ajrih yèn nglangkungana ||
15. samya nêmbah aturipun sami | sumăngga karsa dalêm narendra | darmi anglampahi pakèn | angandika sang prabu | aja sira angumpêt pikir | ya matura sawêkca | lêgane tiningsun | sira yayi Mas Bintara | kaya priye sira kang sêpuh pribadi | nuwun sumăngga karsa ||
16. angandika malih sri bupati | yèn mêngkono anarah maringwang | ana dayaningsun mangke | apa ta padha nurut | lamun ana ing pikir mami | bokmênawa ngrasula | lamun ingsun luput | iku isun nora arsa | matur nêmbah sêntana para bupati | myang prajurit sadaya ||
17. botên măntra sinuwun tan ngimpi | yèn kadosa pangandika nata | tan wontên mantra-mantrane | angandika sang prabu | yèn sêmbada lan sira sami | mangkene pikir ingwang | wong jêjêrèh ingsun | kapan sira wruh sun sura | yèn tan ana dayanira wadya mami | ingsun nora prawira ||
18. pikir ingsun baya ta wong ajrih | sira piliha ingkang sêmbada | saupama supamine | ingsun adu prang pupuh | nora pisan sêja gumingsir | nadyan lalêburana |
--- [f. 242r] ---
sun tan sêja mundur | apa kabèh sira sura | sun adua lan mêngsah atakêr gêtih | kabèh padha matura ||
19. kang sawênèh ana matur wani | kang satêngah anuwun takiyar | narendra nukmèng driyane | satêngah wadyaningsun | patut-patut karoban tandhing | angandika jêng sunan | anukmèng ing sêmu | layan maning dayaningwang | lamun ingsun sira aranana wêdi | patut yèn mêngkanaa ||
20. sakêlangkung ewuh galih mami | dening mêngsah tan dadi satunggal | têka amaro lakune | ringênging galih ingsun | sapiraa padha pêpikir | dening saparo Islam | iku ringêng ingsun | yèn pêlêngên Si Wêlănda | ya Si Mangkunêgara ngriwuk ing wingking | dadya ngrusakkên tata ||
21. jêr iku wong nora ngago eling | yèn pinêlêng nora sapiraa | nanging manah ingsun dhewe | ewuhipun kalangkung | dening padha agama suci | lan malih Si Wêlănda | gêdhe atinipun | têtêlasaning wangsita | ngewuhakên mungguh Si Mangkunêgari | pinêlêng nora pira ||
22. yèn ingungkurakên bêbingungi | ewuh têmên mungguh sun tan sura | tanbuh pikirira kabèh | yèn sêmbada sadarum | ing saiki ingsun oncati | gun prih Mangkunêgara | lan Kumpêni iku | kênaa bênggang kewala | yèn wus adoh sakarsanira atandhing | apan nêmpuh Wêlănda ||
--- [f. 242v] ---
23. apa gitik Si Mangkunêgari | kaya bêcik amungkên satunggal | sumăngga kar sang rajèng |[100] yèn mungguh jênêng ingsun | kang sun pêlêng anging Wêlandi | nadyan cabar tiwasa | manjing sabil ingsun | dening Si Mangkunêgara | yèn angrêbut iya ora sun rawati | sadaya samya rêmbag ||
24. aturipun lêga angoncati | sêntana myang bupati sadaya | wus gilig dadya rêmbage | wis dandana sadarum | sanak ingwang para bupati | myang kèh prajurit ingwang | sun bodhol ing dalu | samya umatur sandika | aluwaran sunan kang sowan wus mulih | sadaya samya dangdan ||
25. sampun surup mangke sang yang rawi | wadya ji kumpul prayitnèng baya | prayêtna ngraksa ratune | adan budhal sang prabu | ingkang abdi kang alit-alit | repot kinèn dhingina | karsane sang prabu | masthi kuwur yèn tinilar | tata rusak mila angantun sang aji | kang têngga Suranata ||
26. Brajayuda kalawan Kapilih | lan Pamijèn kang abdi wus têlas | anulya tindak sang rajèng | atata lampahipun | sampun lêpas dènnya lumaris | sadalu alêlampah | byar prapta ing ênu | Wonasari masanggrahan | jêng susunan ing sasi Siyam nglêrêsi | nêngna malih winarna ||
27. Pangran Mangkunêgara miyarsi | lamun sunan dalu sampun jêngkar | pangran budhal sawadyane | sarya duta suka [su...]
--- [f. 243r] ---
[...ka] wruh | mring gupênur duta wus panggih | tuwan kula dinuta | gusti asuka wruh | kangjêng sunan sampun linggar | sangking Bangsri mangalèr gupênur angling | iya tarima ingwang ||
28. mring pangeran matura tumuli | payo padha sinusul nging pangran | lampahe ja doh lan ingong | miwah pondhokanipun | ya anaa ing kidul mami | kalamun mungsuh prapta | lumampaha pungkur | kang nadhahi aku dhawak | duta amit gupênur bubar tumuli | pangeran masanggrahan ||
29. gupênur mondhok wontên lèrnèki | enjing budhal sunan kang winarna | wadya pangarsa dutane | prapta tur wruh yèn mungsuh | alêlampah arsa dhatêngi | mêsthi enjing punika | suwarèng wadya gung | kangjêng sunan arsa tadhah | wus pinatah kang têngga sakèhing margi | mila adarbe karsa ||
30. dening mêngsah kumpul dadi siji | papan prayogi pakolèh dharat | wadya prayêtna tatane | yèn tinarajang musuh | lêlêburan sêdyaning dasih | dhêdhêp norana syara | mungsuh kang winuwus | kumpul lir mêndhung lêlampah | yèn apisah amêsthi lamun kajodhi | Mas Răngga anèng wana ||
31. jaga mêngsah saparan tut wingking | punang mêngsah nora purun bênggang | wus lajêng mêngsah lampahe | Masaran pondhokipun | langkung agêng dhêndhêng kang baris | lèr kum
--- [f. 243v] ---
pondhoknya |[101] pangeran kang kidul | arsa ngingêri kang mêngsah | Ki Mas Răngga duta tur uningèng aji | mundur kentar wus prapta ||
1 | ngabdi. (kembali) |
2 | iring. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: bokmênawa manira dèn kaniaya. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: dika mawon lan kula anyampuni. (kembali) |
5 | sakeca. (kembali) |
6 | sangkêlat (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: mantri kalih kang tumut sira sami. (kembali) |
8 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: nadyan wong tapa bineka tan kwawi. (kembali) |
10 | sumungkêm. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: panuwun kawula ing sang rajèng. (kembali) |
12 | anggêp (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | owêl. (kembali) |
14 | bilih. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: sirêpa duka sri narapati. (kembali) |
16 | alama. (kembali) |
17 | mêngkono. (kembali) |
18 | jangji (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: nora ingsun yayi tan apracayaa. (kembali) |
20 | Tulisan Jawa kurang tepat: pasangan ma dan pasangan pa. (kembali) |
21 | linorod. (kembali) |
22 | nungkul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: ginawe marga beka Mangkunêgri. (kembali) |
24 | kathahipun. (kembali) |
25 | Lebih satu suku kata: Pangran Mangkunêgara timbalan ji. (kembali) |
26 | ngêtrapkên. (kembali) |
27 | sira. (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata: sok ja uga ala têka ing kami. (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata: yèn datan seba sadaya. (kembali) |
30 | mantra. (kembali) |
31 | mêngko. Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan pepet. (kembali) |
32 | sinuwun. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: tan anyipta lêlamisan. (kembali) |
34 | Kurang satu suku kata: apracaya dhumatêng sang aji. (kembali) |
35 | aprajangjeyan. (kembali) |
36 | datatitanên. (kembali) |
37 | rimbagane. (kembali) |
38 | jalma. (kembali) |
39 | Kurang satu suku kata: ginugujêng ing jalma. (kembali) |
40 | apan. (kembali) |
41 | Lebih satu suku kata: kaya pa karêpira. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: apa bêcik lumaksana. (kembali) |
43 | tadhah. (kembali) |
44 | Mangkukusuma. (kembali) |
45 | Lebih dua suku kata: ngaturakên bandhangan mring aji. (kembali) |
46 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
47 | oyodipun. (kembali) |
48 | nglangkungi. (kembali) |
49 | luwih. (kembali) |
50 | towok. (kembali) |
51 | kêdhik. (kembali) |
52 | luwarana. (kembali) |
53 | nglêmpak. (kembali) |
54 | nyolong. (kembali) |
55 | ingangkah. (kembali) |
56 | kancikan. (kembali) |
57 | Lebih satu suku kata: wurine Mas Răngga kancikan malih. (kembali) |
58 | Biasanya guru lagu i: Mangkunêgari. (kembali) |
59 | jumênêng. (kembali) |
60 | pasisir. (kembali) |
61 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
62 | Tulisan Jawa kurang tepat: ta cerek disuku. (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata: lan maninge thole kèh de rêrasani. (kembali) |
64 | sakarsa-karsanira. (kembali) |
65 | Kurang satu suku kata: ingkang bêkti miwah kang tan bêkti. (kembali) |
66 | gangsal. (kembali) |
67 | Kurang satu suku kata: dawêg angsal gangsal latri. (kembali) |
68 | Kurang dua suku kata: lamun sira gagêtuna. (kembali) |
69 | Kurang satu suku kata: apa sira wani aprang. (kembali) |
70 | Biasanya guru lagu a: Wiradigda. (kembali) |
71 | Kurang satu suku kata: Măndraka myang kèh wadyèngong. (kembali) |
72 | sunan. (kembali) |
73 | Paos. (kembali) |
74 | antuk. (kembali) |
75 | Kurang satu suku kata: wontên Bali sawiji. (kembali) |
76 | anggung. (kembali) |
77 | untung. (kembali) |
78 | samya. (kembali) |
79 | binêrêg. (kembali) |
80 | Kurang satu suku kata: Radèn Suraprameya. (kembali) |
81 | Kurang satu suku kata: sampun mangkat Radèn Arya Jayèngrana. (kembali) |
82 | Biasanya guru lagu a: satunggal. (kembali) |
83 | kalorop. (kembali) |
84 | Widi. (kembali) |
85 | bramatyanya. (kembali) |
86 | Kurang satu suku kata : dening ngandêlkên aumur. (kembali) |
87 | tandhing. (kembali) |
88 | binongkokan. (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata: mlajêng ngilèn binuru ngungsi ngardi. (kembali) |
90 | desa. (kembali) |
91 | tinut. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: dhusun ing Tawas puniku. (kembali) |
93 | Kurang satu suku kata: Suradirja winarna. (kembali) |
94 | anulak. (kembali) |
95 | Kurang satu suku kata: kang aburu wus anulak. (kembali) |
96 | Lebih satu suku kata: pêpak sakèh sêntana myang bupati. (kembali) |
97 | pasisir. (kembali) |
98 | inggih. (kembali) |
99 | Kurang satu suku kata: matura sadarum. (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata: sumăngga karsa sang rajèng. (kembali) |
101 | Kurang dua suku kata : lèr wus kumpul pondhoknya. (kembali) |