Babad Sultanan, British Library (Add MS 12288), 1809–16, #1017 (Pupuh 129–147)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 243v lanjutan] ---
129. Durma
1. sampun sowan duta umatur wotsêkar | kula ingutus dasih | Răngga tur uninga | mêngsah mondhok Masaran | kang rêmbag arsa ngingêri | dhatêng paduka | sarêng pirsa sang aji ||
2. asuwarèng ing bala akarsa budhal | wus kumpul wadya aji | sunan sampun budhal | mangalèr lampahira | mungsuh enjing budhal sami | mondhok ing Gêbang | sinuwun sampun prapti ||
3. masanggrahan ing Murong kangjêng susunan | kèndêl sri narapati | anêlaskên rêmbag | arsa amêthuk yuda | kang wadya tinari-tari | dèrèng arêmbag | tansah sawalèng pikir ||
4. angandika sunan kèh prajurit ingwang | Suranata Kapilih | Bugis Brajayuda | Mijèn Saragni samya | apa sira têmên bêkti | wani sun dua | aprang lawan Kumpêni ||
5. lan sun adu kalawan Mangkunêgara | abot amungsuh[1] kalih | mulane ta sira | sun tari apa sura | di dalêm asaur paksi | purun ngabêna | sampun mêngsah Kumpêni ||
6. amungsuha liya punika wêwaha | nadyan manjinga agni | lumêbèng hèrnawa | anglampahi sadaya | yèn parentah tan ngraos [ngra...]
--- [f. 244r] ---
[...os] jrih | alêburana | awora lawan siti ||
7. tan angraos sih dalêm langkung akathah | ing pundi gènnya pulih | yèn tan lara pêjah | yèn wontên karsa nata | sampun kalayatan aji | wong Suranata | dhasar sêdya asabil ||
8. angandika jêng sunan èsmu karênan | ya gun tarima sami | bêktinira mringwang | ya dèn lirih kewala | nora sêdya sun unduri | sira atisna | ya ingsun luwih asih ||
9. nulya sêntana bupati ingandikan | pêpak ing ngarsa aji | ngandika jêng sunan | yayi-yayi sadaya | tanapi para bupati | sun tari sira | rêmbug ingkang abêcik ||
10. wadyaningsun rêmbug amapag sadaya | yèn mungsuh anêkani | priye kang prayoga | apa bêcik atadhah | atawa bêcik nêkani | sira piliha | sumăngga karsa aji ||
11. ămba darma lumampah matur Mas Răngga | lamun sêmbada aji | miwah pra bupatya | sinuhun alinggara | ingkang andhèrèk narpati | sumăngga karsa | wadya jro lan ing jawi ||
12. tutugêna hèh Răngga sapikirira | sun priksane kang bêcik | yèn ala binuwang | yèn sawawi paduka | tadhah mêngsah tan sawawi | kantun akathah | bilibalih
--- [f. 244v] ---
mênawi ||
13. abdi dalêm edab têmah para tiwas | mindhak mêngsah gêng galih | dadya botên wawrat | nuntên kathah kang sura | angayoni sri bupati | kapriye Răngga | karêpmu matur malih ||
14. paduka nata sunan baturi linggar | dening kang dhèrèk aji | Pangeran Bintara | Pangran Mangkukusuma | sawadyanya ngrêksa aji | lawan pun kakang | Natakusuma uni ||
15. abdi dalêm prajurit inggih ngamungna | Suranata Kapilih | lawan Brajayuda | lawan putra narendra | Jêng Gusti Pangran Ngabèi | dawêg punika | angrêksaa sang aji ||
16. yèn wontên karya wingking mêngsah wong sasra | kadi tan ana nolih | di dalêm sadaya | jawi samya kantuna | ămba ingkang anindhihi | lan Jayèngrana | lan Măndaraka uni ||
17. Wiradigda prajurit jro kang kantuna | Jagabaya lan Bugis | miwah Namèngyuda | lan Pamijèn sadaya | punika kawula kanthi | samya kantuna | sinau andon jurit ||
18. anging pun kakang Pakuningrat prayoga | andhèrèka sang aji | ngandika jêng sunan | hèh sakèh pra bupatya | tanapi sadulur mami | padha arêmbag | Răngga ture prayogi ||
19. pra sêntana lawan bupati sadaya | rêmbag [rêmba...]
--- [f. 245r] ---
[...g] amrayogèni | anging Măndaraka | kang tansah aturira | asae dados satunggil | lamun amapag | sadaya ja na kari ||
20. yèn sawawi samya mêthuka sadaya | yèn rêmbag angoncati | dadosa satunggal | mênawi ta kapiran | Ki Mas Răngga anauri | dados kasêsa | tindakira sang aji ||
21. awêkasan linggare sri naranata | mêngsah anarka ajrih | mêngsah saya galak | dhasar panggenan cêlak | atêmah ingayok[2] wani | kuwur sadaya | wêkasan nêniwasi ||
22. kang kula prih ecaa nata lêlampah | manira angawali | yèn wus manjing wana | sêdhênge antuk papan | yèn mungsuh sura nêkani | mungguh manira | boya duwe kuwatir ||
23. angandika narendra langkung prayoga | iku Răngga abêcik | sadaya arêmbag | sakèh para bupatya | ngandika malih narpati | lakumu Răngga | yèn wus nyabrang bênawi ||
24. kaya priye ingsun arsa amiyarsa | pun Răngga atur bêkti | kalamun paduka | nata sampun nyabrang |[3] pun dasih botên kuwatir | kang ămba angkah | ing inggih ingkang prayogi |[4]|
25. yèn kadugi amasthi ămba tarajang | angandika sang aji | bêcik kaya Răngga | jajal mungsuh yèn ana | apa sira nora wani [wa...]
--- [f. 245v] ---
[...ni] | matur pun Răngga | inggih purun pun dasih ||
26. yèn kadugi botên kula abên siyang | sakathah wadya aji | dening pamrih ămba | bilih mênawi èt |[5] kawula abên ing latri | darapon samar | sampun kantos kang niti ||
27. iku bênêr ya Răngga luwih prayoga | sadaya dipun tari | purun yèn ngabêna | rêmbage sampun dadya | adan wontên abdi prapti | atur uninga | mêngsah budhal lumaris ||
28. punang mêngsah arsa agitik narendra | ngandika sri bupati | payo budhalêna | mapan rêmbug wus dadya | adan budhal sri bupati | mangkat Mas Răngga | lampahe anyarêngi ||
29. ngalèr ngilèn narendra ing lampahira | ngilèn nurut bênawi | tut wingking Mas Răngga | ngalingi ing nalendra | sadaya prayêtnèng wèsthi | ngilèn lampahnya | kidule sri bupati ||
30. ênêngêna mêngsah ing Gêbang wus budhal | agalong punang baris | tanapi pangeran | nyarêngi lampahira | nanging Mas Răngga tan kèksi | sunan wus prapta | wau pinggir bênawi ||
31. toya agêng wadya dangu dènnya babrang[6] | wus prapta lèr bênawi | kèndêl sri narendra | tata ing ara-ara | ingkang nukup dèn antosi | mêngsah wus prapta | Sumêngka wong Kumpêni ||
32. pan agêlar amondhok wontên Sumêngkang[7] | pangran kang dèn pondhoki [po...]
--- [f. 246r] ---
[...ndhoki] | gih ing Batu rannya | aglar samya atata | sampun surup sang yang rawi | mêndhung limunan | pêtênge nglêliwati ||
33. kang kocapa ingkang arsa aprang cidra | karsa gitik ing wêngi | pan sampun lumampah | laku lir endrajala | Sumêngka kang dipun incih | satêngah lampah | udan drês andhatêngi ||
34. păncawura pêtênge kagila-gila | udan awor lan angin | drês kagila-gila | sami tan uning marga | tan uninga rencangnèki | gagap kewala | yudakênaka ngukih ||
130. Pangkur
1. pan samya bingung sadaya | gandhèng tangan asrêpipun kapati | kuda sami têpung buntut | kang ngajêng lawan êndhas | lamun bênggang ical tan ana kêpangguh | ênêngêna kang kocapa | kang têngga sri narapati ||
2. susahipun mapan sama | asrêp pêtêng wadya kêkadhar sami | kajawahan pan sadarum | dening ingkang lumampah | samya bingung tanbuh parane tan kumpul | Ki Mas Răngga mapan pisah | kêdhik ingkang atut wingking ||
3. sami jaga taha-taha | pisah sadaya bingung tan uning margi |[8] pan sadalu wangsul-wangsul | pangrasane atêbah | tur ta sampun cêlak lawan pondhok musuh | ingkang angraos acêlak | satêmêne mêksih têbih ||
4. sadalu ubêng-ubêngan [ubêng-...]
--- [f. 246v] ---
[...ubêngan] | ngajêngakên tambur gangsal kang latri | Ki Bênêr kalojok laku | wus prapta pabitingan | bungah-bungah amilihi kapal mungsuh | nyana rencang wuntat kathah | ngadhêpi kuda andhêlik ||
5. tan nyana lamun piyambak | dening wau kathah rencang tut wingking | ênêngna ingkang winuwus | gêgêni wong bêrduwak | rencangira Ki Bênêr ingkang tut pungkur | kantun kasrêpên kalintang | tumingal jalma gêgêni ||
6. dipun nya rencangira |[9] pinaranan nulya tumut gêgêni | tan angimpi lamun mungsuh | karone tan anyana | sawab bingung kasarêngan srêp kalangkung | sarêng byar kang tambur munya | kagyat lumajar prasami ||
7. kagum kang sami barduwak | datan nyana dèn tingali wus têbih | lumajar asuka wêruh | gègèr baris Sumêngka | Kyai Bênêr wruh tanpa rowang wus mundur | lakunira sigra-sigra | sampun pagih baturnèki ||
8. kang saya samya anglêmpak | ing Sumêngka nambur ngumpulkên baris | di dalêm kumpul sadarum | Ki Mas Răngga wus prapta | aprayêtna sami angaton ing kewuh | nulya lumampah lon-lonan | punang mêngsah amêdali ||
9. uning undure Mas Răngga | datan wani kang mêngsah atut wuri | alon-lonan [a...]
--- [f. 247r] ---
[...lon-lonan] ingkang mundur | tan ajrih tinututan | samya suka-suka tutur polahipun | Pamijèn angura-ura | asuka-suka samargi ||
10. mêngsah wangsul mring Sumêngka | abdi dalêm sampun nyabrang bênawi | asowan dhatêng sang prabu | wus katur lampahira | purwa wadya[10] wasana budhal sang prabu | ngilèn tindake jêng sunan | ing Pucanganom wus prapti ||
11. masanggrahan sri narendra | wong Kumpêni Sumêngka pacak baris | Pangran Mangkunêgarèku | ing Batu barisira | datan arsa lunga-lunga barisipun | kocapa kangjêng susunan | enjingipun sri bupati ||
12. Karèngsèng sunan wus prapta | wadya mondhok kêpang kèndêl sang aji | wontên warti enjingipun | katur sri naranata | lamun mêngsah arsa dhatêngi sadarum | Kumpêni lawan pangeran | kêsmaran wau ing warti ||
131. Asmaradana
1. awarti sampun amasthi | malah mêngsah sampun mangkat | sangking ing pamondhokananane |[11] nulya kinèn atêngara | tambur gumrah syaranya | suling salomprèt abarung | adan kumpul wadyabala ||
2. wus kumpul samya miranti | asiluman kang agawat | kang sampun jana mantrine [mantri...]
--- [f. 247v] ---
[...ne] | wadya miranti atata | tan kêna tinarajang | samya sura ambêk kewuh | arsa malês sih narendra ||
3. sadaya dangu anganti | manahipun ngarsa-arsa | punang mêngsah ing dhatênge | sakenjing norana prapta | malah dhatêng antara | kantos dungkap wayah bêdhug | lingsir kilèn nora prapta ||
4. nuntên wontên abdi prapti | ingkang atêngga tampingan | sowan tur uninga rajèng | lamun mêngsah sampun nulak | wangsul panggenanira | angandika sang aprabu | bocah kabèh timbalana ||
5. sira padha kon amulih | mring pamondhokan sadaya | nuwun nêmbah ingkang kinèn | sadaya wus tinimbalan | mantuk ing pondhokira | dawêg angsal tigang dalu | enjingipun sunan budhal ||
6. mangalèr tindak sang aji | wadya tan kaliru prênah | amiranti sagamane | wus prapta desa ing Bancar | bumi ing Garobogan | masanggrahan sang aprabu | karsane makuwon lama ||
7. wadya mondhok amiranti | datan kaliru ing prênah | atata-tata sang katong | wadya kang têngga tampingan | prasamya pinaryoga | tampingan wetan kang tunggu | kancanipun Ki Mas Răngga ||
8. wong Kampak jinujung linggih | sinung nama mring narendra | Tumênggung Tankondur rane | kang kinèn têngga tampingan | sabawahe piyambak | Brajamusthi [Brajamu...]
--- [f. 248r] ---
[...sthi] kinèn tunggu | bawahipun wadya Kalang ||
9. Alap-alap dèn timbali | sakancane sampun prapta | dyan dhinawuhan sang rajèng | wadya kang têngga tampingan | samya kinèn tunggua | Luwak Sima sapangidul | Tandhês Luwak bumi Pajang ||
10. wadya tata amiranti | sêmana kang cinarita | pangeran prabu wartane | jêngkar laruge mangetan | mila jêngkar kang warta | datan rêmbag pikiripun | kalawan Pugêr Dipatya ||
11. atuwi krama sang aji | amêncarakên kang wadya | sêdhêng sinewaka rajèng | pêpak ingkang wadyabala | adan Pangran Bintara | matur nêmbah ing sang prabu | kawula nuwun narendra ||
12. anuwun lilah sang aji | nuwun nagri Garobogan | măncanagara lèr kabèh | satêtilare yayi mas | yèn angsal barkat nata | ing Dêmak yun ămba rêbut | miwah pasisir sadaya ||
13. pun kakang Pugêr Dipati | yèn tan bêkti ing narendra | benjang kawula cêkêle | angandika jêng susunan | luwih dening prayoga | yayi mas gêng galihipun | angrencangi mring pun kakang ||
14. tan duwe sadulur maning | yèn tulus pangucapira | anukmèng driya sang rajèng | sun cobane yayi êmas | arum wijil wêcana | sarta anukmèng ing guyu | ingkang pranatan kuningan ||
15. ingkang gati sampun [sampu...]
--- [f. 248v] ---
[...n] sêpi | tan wontên katarèng netya | gumujêng ngandika rajèng | uga bengsuk[12] yayi sira | lali marang kawitan | kaya eyang kang karuwun | kang pilênggah anèng Dêmak ||
16. Pangran Bitara[13] ngabêkti | kados botên kalampahan | pururun sinêtyan sang rajèng |[14] anulya supata dhawak | sunan gumujêng suka | sing ora-ora riningsun | ingong yayi pragonjakan ||
17. Pangran Bintara ngabêkti | saking prasêtya kawula | yayi ya tarima ingong | sangking karsanira dhawak | anulya linilanan | aluwaran sang aprabu | kang sewaka wus bubaran ||
18. budhal Pangran Bintara glis | dhatêng nagri Garobogan | sampun daut sawadyane | tan kawarna jêng susunan | Bancar makuwon lama | eca manahe sang prabu | tampingan krêksa sadaya ||
19. sigêgên ingkang winarni | Kumpêni anèng Sumêngka | têtêpa barisanane | Pangeran Mangkunêgara | anèng Batu alama | satêngah sasi puniku | sunan norana wartanya ||
20. pun dêlèr ika kawarni | utusan dhatêng pangeran | caraka Bêstam wastane | lan mantrinira piyambak | kang ngladosa Wêlănda | Dhangdhangwacana ranipun | andhèrèk dhatêng Ki Bêstam ||
21. Ki Bêstam umatur aris | kawula nuwun dinuta [dinu...]
--- [f. 249r] ---
[...ta] | dhatêng sudara nah anggèr | gusti mangke sampun lama | botên wontên kang mêngsah | sudara agèr kêlangkung | onêng panggih lan sampeyan ||
22. punapa gusti mariki | sudara sampeyan tuwan | punapa sampeyan anggèr | inggih gusti pinaraka | langkung karsa sampeyan | nanging tuwan sakêlangkung | gènipun arsa panggiha ||
23. dhumatêng sampeyan gusti | pamrihipun kangjêng tuwan | dêrapon icala agèr | kawatir kang kathah-kathah | tanapi rêraosan | kang kathah-kathah rumuhun | ingkang sampun kalampahan ||
24. lan dados pratăndha asih | yèn wus sabiyantu manah | sudara sampeyan anggèr | lan panjênêngan sampeyan | angandika pangeran | iya Bêstam karsanisun | bapak dêler lamun arsa ||
25. apanggihan lawan mami | si bapak lah marenea | ja gawa batur kèh bae | ngamungna upas kewala | karana batur ingwang | yèn padha wêdi sadarum | anadening mênggah ingwang ||
26. ora aduwe kawatir | si bapak dêlèr gawaa | batur marene kang akèh | ingong nora pisan-pisan | kawatiri ing manah | yèn sêmbada karsaningsun | yèn têmên-têmên si
--- [f. 249v] ---
bapak ||
27. sabiyantu lawan mami | ya iku pênjaluk ingwang | anadening pambesuke | yèn wis pa babêcikan |[15] gawaa pira-pira | batur Kumpêni kang agung | nora nana watir ingwang ||
28. Ki Bêstam anuwun pamit | kalawan Dhangdhangwêcana | mantuk ing pabarisane | wus panggih dêlèr sêmana | matur sira Ki Bêstam | kawula tuwan kautus | mring sudara dika pangran ||
29. wus tinutur lampahnèki | ing purwa madya wasana | pun dêlèr angucap alon | hèh Bêstam sira balia | lawan Dhangdhangwacana | besuk êmbèn ngong lumaku | iya matura pangeran ||
30. sakarsane sun turuti | pun Bêstam amit wus mintar | Dhadhangwacana[16] rowange | wus prapta ngarsa pangeran | Ki Bêstam matur nêmbah | kula gusti kinèn wangsul | tinêkan karsa sampeyan ||
31. êmbèn dènira lumaris | sudara sampeyan tuwan | igih mariki na anggèr | angandika jêng pangeran | ya sok padha têmêna | anulya Ki Bêstam mantuk | ing wingking saos pangeran ||
32. ing sawontên-wontênnèki | salêbêting pabarisan | nuntên punang mantri roro | Dhadhangwacana kalawan | wasta Malangsumirang | dipun utus dêlèr wau |
--- [f. 250r] ---
kinèn matur mring pangeran ||
33. kawula ingutus gusti | dening sudara sampeyan | mangke pungkul[17] sanga anggèr | sudara sampeyan prapta | tan ambêkta Wêlănda | kathah nanging upasipun | lawan Dipati Sêmarang ||
34. lan pun Bêstam kang tut wingking | pangandikane pangeran | iya luwih lêganingong | mugi muga ta tulusa | ing sapanjaluk ingwang | lah muliha dèn agupuh | wong roro nêmbah wus mintar ||
35. pangeran dandan ing wingking | damêl bangku sampun dadya | sinamir sangkêlat kabèh | tanapi siti sadaya | ginêlaran sangkêlat | nuntên mêpak abdinipun | sadaya samya atata ||
36. prajurit kinèn abaris | urmat pun dêlèr karsanya | kinèn aprayêtna kabèh | nuntên sarêng pukul sanga | pun dêlèr tan lumampah | pun Bêstam ingkang lumaku | lawan Dipati Sêmarang ||
37. angage cara Wêlandi | tan adangu sampun prapta | pondhokipun pangran age | sarêng katingal pangeran | kalangkung dening lêga | yèn dêlèr datan lumaku | langkung duka sang taruna ||
132. Sinom
1. Dipati Sêmarang Bêstam | alinggih anèng ing siti | anulya matur Ki Bêstam | wau Dipati Sêmawis | sudara kangjêng gusti | tuwan dêlèr tan lu |[18]
--- [f. 250v] ---
nging kawula piyambak | dinraos-raos galih |[19] yèn lumampah piyambak kang sangêt wirang ||
2. dhatêng Kumpêni sadaya | kang kathah-kathah prasami | angraos dinamêl tuwa | sadaya sakèh Kumpêni | tan merang dhatêng gusti | merang kancane sadarum | nulya pangran ngandika | yèn mêngkono sun arani | nora têmên-têmên sêsanggupe cidra ||
3. têka agawe kajogan | iya ta ing mungguh mami | têmên-têmên manah ingwang | si dêlèr cidra ing jangji | sok aja têka mami | si dêlèr ngoncati iku | ngandika jêng pangeran | iku sapa ngong tingali | Bêstam matur nêmbah dhumatêng pangeran ||
4. inggih punika kang lênggah | pun Adipati Sêmawis | ngandika kangjêng pangeran | wijil wêcana awadi | hèh bageya dipati | padha sêlamêt awakmu | Ki Dipati Sêmarang | gêpah umatur ngabêkti | langkung nuwun gusti gih sami raharja ||
5. sugih Dipati Sêmarang | nora jamak sun tingali | ya rendane nora jamak | renda êblêg sun tingali | sira sok milu jurit | botên tumut prang turipun | dados koki kewala | pangeran ngandika malih | iki Bêstam sira uning sêsaosan ||
6. mring dêlèr sun tangguh prapti |[20] nora nyana
--- [f. 251r] ---
yèn ngoncati | kaya priye iki aglar | kathah-kathah suguh mami | mêngko norana prapti | angur pinangana batur | kang ati liwat gêla | si dêlèr tan têka iki | liwat gêla ya uwis sira muliha ||
7. Bastam lawan ki dipatya | nuwun pamit sampun mulih | pangeran sampun bubaran | enjingira tan kawarni | pun Bastam wangsul malih | ingutus mring pangran matur | anggèr anuwun duka | ature sudara gusti | yèn sawawi sampun wontên kang kuciwa ||
8. prayogi pinêndhêt têngah | sampun katingal sor siji | gusti sampeyan katuran | pêpanggih sami nindaki | Têmpura kang prayogi | punika têngahanipun | gusti sami têbihnya | pangeran angandika ris | iya iku Bêstam ing pênjaluk ingwang ||
9. ja gawa Kumpêni kathah | inggih sampun walang galih | yèn sampun sami arêmbag | pukul sanga benjing enjing | gih kapanggiha gusti | Têmpura taratag agung | ya age wis muliha | Bêstam mit nêmbah wus mulih | nulya pangran ngandika damêl têratag ||
10. Têmpura pan sampun dadya | pangran arêmbagan sami | sakèhe para bupatya | miwah ingkang para mantri | ngandika pangran aris | pa bêcik têka rumuhun | apa bêcik karia | sadaya matur ngabêkti | sae kantun sawênèh sae kruwuna ||
--- [f. 251v] ---
11. umatur Kudanawarsa | yèn sawawi atur mami | kawula gusti kruwuna | yèn kêdhik bêkta Wêlandi | sampeyan kula turi | yèn kathah pambêktanipun | enggal kula utusan | atur uninga ing gusti | iya iku yèn padha rêmbug sadaya ||
12. iya bêcik aturira | inggih gusti pan sawawi | lah uwis Kudanawarsa | ya mangkata dipun aglis | gamanmu mantri Jawi | sira gawaa sadarum | mangkat Kudanawarsa | sagêgamane prasami | pangran wingking dandan saprajuritira ||
13. tan adangu kang antara | pun dêlèr katingal prapti | langkung gêng ingkang gêgaman | ambêkta samêkta sami | sarêng cêlak sira glis | lan Têmpura lampahipun | Walănda kathah-kathah | sadaya sami miranti | kang gêgaman nèng salêbêt pakarangan ||
14. nging kang gêng-agêng kewala | sipat lopèrès mangigil | mring dêlèr ingka tut wuntat | kalawan upase sami | mring Têmpura tut wingking | kintên-kintên kathahipun | dinuga ing watara | nging sawidak kang tut wingking | nuntên Kudanawarsa atur uninga ||
15. dhumatêng pangeran inggal | yèn dêlèr cidra ing jangji | ambêkta gêgaman kathah | wus katur pangeran aglis | salaku-lakunèki | Kumpêni têlas sadarum | malih gusti turira | pun [pu...]
--- [f. 252r] ---
[...n] Kudanawarsa uni | mangke lamun gèr wontên sênjata munya ||
16. dipun enggal gèr tulunga | pangeran angucap aris | nora linyok ujar ingwang | iya warahên dèn bêcik | ja kuwatir tinèki | kapriye ujarku mau | ja na ngoncati prana | batur kabèh jangji mami | kaya lawas ingkang abdi saur paksa ||
17. gumrumung inggih sadaya | têksih emut adhuh gusti | ngandika kangjêng pangeran | wong wadon dhingina sami | tantara dêlèr prapti | nèng Têmpura lampahipun | sadaya wus tabean | kalawan Kudanawarsi | sakathahing Wêlandi sami tabean ||
18. alon dêlèr amicara | di Pangeran Danawarsi | angucap Kudanawarsa | sarêng tuwan aningali | gaman dika gêng prapti | Kumpêni akèh kadulu | nuntên sudara dika | lampahe nulak tumuli | inggih sangking jrihira wangsul panggenan ||
19. jrih ningali wong Walănda | dening kalangkung gêng prapti | punika kawula tuwan | inggih ta dipun tilari | surat ing kangjêng gusti | nulya tinampanan gupuh | nulya kinèn amaca | ya dêlèr kula puniki | lan kiyai dhingin prajangjiyan kula ||
20. gih wus angêntèk sadaya | mangke kiyai nyidrani | angoncati prajangjeyan- | ipun [ipu...]
--- [f. 252v] ---
[...n] piyambak rumiyin | mila kula puniki | ing mangke putung kêlangkung | bapak manah kawula | ing mangke dhatêng kiyai | dening dika bapak ngajak têmu kula ||
21. gampil kapanggih ing wuntat | samăngsa-măngsa kapanggih | bapak ing mangke yèn rêmbag | kiyai dawêg ingusir | sinirkakên[21] dhingin |[22] gampil pêpanggihan pungkur | dêlèr alon micara | hèh iya Kudanawarsi | aja akèh winacara Danawarsa ||
22. nora nana bêcikira | akèh-akèh kang ginupit | angrêrubêdi ing lampah | balik-balik pikir mami | pangran bae lan mami | kaya priye karsanipun | sakèh kang kalampahan | nora dadi wajan[23] iki | sok bêcika aku kalawan pangeran ||
23. kalayan malih pangeran | apa tan sêdya ing galih | angeman nêgaranira | aku iki wong Kumpêni | ngeman nêgari Jawi | pangran tan ngemana iku | dhumatêng nêgaranya | Kudanawarsa sira glis | poma-poma alah matura pangeran ||
24. ngajak anyirnakên mêngsah | mêngko iki ana ngêndi | nora nana ingkang warta | panggonane ana ngêndi | upama wong Kumpêni | mubêng-mubênga sadarum | mapan Kumpêni kathah | ingkang dharat anglakungi | mêsakakên apaprangan nora wêlas ||
25. mring wong Kumpêni sadaya | ingkang sami jalan kaki | amêsthi repot lampahnya |
--- [f. 253r] ---
lamun mungsuh durung mêsthi | panggenane kang yakim | iya saki liwat ewuh | sajroning manah ingwang | yèn yakin mungsuh gonnèki | iya aku sagup anyêpênga dhangdhang ||
133. Dhandhanggula
1. yèn tamtu mungsuh gonnya katitik | aku kang sanggup anyêkêl mêngsah | aja kawatir galihe | pasthi lamun kacakup | punang mêngsah kagêgêm kami | tatapi dèn karuhna | ya goning kang mungsuh | alah ta uwis matura | sarêng bubar dêlèr mantuk pondhoknèki | Kudanawarsa prapta ||
2. Danawarsa lan pangran kapanggih | matur sawêlinge dêlèr têlas | pangeran pangandikane | iya wis ja winuwus | ingong wêruh karêpe ugi | si dêlèr kèh akalnya | yèn kaya tuturmu | bok aja si bêbaturan | lan Kumpêni sabatur dhèwêk yèn wani | mungsuh kyai tan ulap ||
3. tatapi Danawarsa yèn kêni | Kumpêni bae ja dadi mêngsah | sadhela bae ing mangke | lah dandana sadarum | payo padha mangkat dèn aglis | padha lumampah ngetan | anggitik Madiun | ngulihkên Mangkudipura | pamrih ingsun uningaa jêng kiyai | kang dadi manah ingwang ||
4. aku nora sêja nora ngimpi | mring kiyai yèn puruna ingwang | kyai emuta jatine | lamun kiyai maklum | anitèni kang dadi [da...]
--- [f. 253v] ---
[...di] ati | kêdhik kang dadi manah | ingangkah piyangkuh | prakara wong roro ika | datan ketang naraka ingong andhêmi | yèn kyai buwang ingwang ||
5. dadi ala nora sun oncati | dening kiyai mêdayèng ujar | lan maning dadi ati ngong | prakara Si Madiun | ing karsane sun tan kadugi | ingkang gawe bupatya | kiyai rumuwun | ing mêngko ya sinalinan | ing Madiun pinaringkên ari mami | ingong tan dhinawuhan ||
6. prajangjiyane kiyai dhingin | amocota gawea bupatya | yèn tan rêmbag ingong wande | aja kaya ta iku | prajangjeyan asuka uni | ing kita mêngko ora | mundhut Si Madiun | nora paring uning pisan | pratandhane kiyai ngoncati jangji | tan asih maring ingwang ||
7. dadi karasa ujaring warti | têka bênêr Si Sajanapura | pelinge mring ingong akèh | sayan ajrih kalangkung | awak ingong maring kiyai | sadaya matur nêmbah | yèn kêni tan rêmbug | manawi asangêt duka | nadyan kathah punika putra kêkasih | rayi sampeyan pangran ||
8. ngong têmaha sun prih dadi peling | uningaa kang dadi atingwang | Si Madiun kawitane | yèn asih marang [ma...]
--- [f. 254r] ---
[...rang] isun | ingapura sabeka mami | yèn èstu kyai buwang | sangêt dukanipun | dukaa nora ngong lawan | sun oncati ingong tan kêlar nadhahi | ing kiyai yèn duka ||
9. sampun dadi dan budhal tumuli | daut kabèh wong Mangkunêgaran | kumrab sawadyabalane | kalangkung dening agung | wadya măncanêgara ngarsi | lawan Ranadipura | kang dadi pangayun | karsane wau pangeran | kang abaris pajan dipun dalani |[24] dhasaripun dèn arah ||
10. kang kocapa pun dêlèr miyarsi | lamun pangeran budhal mangetan | daut sawadyabalane | pun dêlèr sakêlangkung | butarêpan kuwatir ngati | dèn nyana pangran rêmbag | lawan sang aprabu | lakune jujug kewala | pan kawatir nyarêngi budhal tumuli | mangilèn atoya |[25]|
11. Butuh Kuyang gupênur abaris | sarta rinayah ingangkah mêngsah | sipat jalêr sakèhane | kang kacandhak pan lampus | lare alit dipun patèni | tan ketang sipat lanang | kang gêsang lumayu | langkung jrih ngungsi atêbah | dhusun Bêtah langkung risak dèn abongi | sakathah griya têlas ||
12. sampun tata ta andhêndhêng kang baris |[26] kocap kang mangetan Karja
--- [f. 254v] ---
prapta | wus apêrang pangajênge | kalawan abdi prabu | Wirarana ingkang nadhahi | rame dènira yuda | pan aganti lampus | buru-binuru aramya | Wirarana karoban tandhing ajurit | kabèh măncanêgara ||
13. kang nèng ngayun kabyatan nadhahi | langkung sudira Ki Wirarana | mantri Sokawati kabèh | sakancane apangguh | kêkathahên mêksa dèn byuki | ngamuk Ki Wirarana | sakănca agêrgut | tan sêdya urip bêk pêjah | kang tinêmpuh bubar larut tan apulih | kondur Mangkunêgaran ||
14. Ranadipura tulung ing jurit | ramya campuh Ki Ranadipura | tiwas kabêdhil dhadhane | tan prana wus lumayu | jumpalikan aniba tangi | yèn ajaa lêt jurang | amêsthi kapupu | ingkang buru samya dharat | tilar kawal kalojok pamburunèki | sadaya sami sura ||
15. kapranggul Pangran Mangkunêgari | dan campuh Saragni pangarsa |[27] lan Danawarsa rowange | arame dènnya tarung | wong Saragni kinèn ngunduri | anulya sinabrangan | lajêng nulya buru | adan amingrê pangeran | sawadyane kang aburu wus nglangkungi | ginitik sing ngiringan ||
16. tan uninga kagyat anadhahi [ana...]
--- [f. 255r] ---
[...dhahi] | prang jinêjêl kabyatan pan kewran | jinêjêl mundur pêrange | anèng jurang kasêlut | samya ngamuk arêbat margi | angêbyuki kang mêngsah | kawratan pan mundur | wong Sekawati[28] kèh tiwas | kèh kapupu wus nyabrang jurang prasami | kabèh anyandhak kapal ||
17. anyandêr galong palayunèki | samya mênggah kang buru sadaya | Karja Jamus ngabong kabèh | Pamajan dipun tunu | griya têlas kang kawon têksih | galong sakancanira | wau kang lumayu | ing Kêdhungtawing wus prapta | wus amondhok kang mênang enjing lumaris | lakune sigra-sigra ||
18. ing Madiun kang sinêdya ngati | sigêgên winuni kangjêng susunan |[29] lami nèng Bancar makuwon | pêpak sawadyanipun | têngga margi samya miranti | langkung sumungkêm ngajap- | ajap mungsuh prabu | jêng sunan langkung sungkawa | angrudatin prakara rêntêng nêgari | Jawi rêngka kalintang ||
19. dêdukaning Ywang dening nglangkungi | wiwit paloji dhatêng antara | kala Jimakir taune | nora pêgat prang pupuh | dhatêng mangke patbêlas warsi | ing mangke taun Êdal | tunggal sirahipun | nawa sapta obah jagat |[30] sinung osik kang dadi galih narpati | nagri [na...]
--- [f. 255v] ---
[...gri] Jawi risaknya ||
20. rinencangan lara lan prihatin | kirang dhahar kalan anendra |[31] nusup ing wona kang kêdhe[32] | munggah tumurun gunung | lara anglih nora tinolih | mèh dhatêng ing wasana | wadya Jawa guyub | mangke jajalanat beka | paksa paro ingkang mungkar wadya aji | tan emut panjênêngan ||
21. mila asangêt sunan prihatin | langkung eman ing wadya kang mungkar | pinêpês sarira rajèng | nênêdha ing Ywang Agung | ya Pangeran Kang Maha Suci | ingkang murah ing dunya | asih ngakiripun | mugi emuta kang mungkar | jalma Jawa ămba têtêpêna aji | angabayani Jawa ||
22. pilih margi pitulung Ywang Widi | langkung asangêt dènnya nênêdha | marga salat ing sowane | sasi Siyam anuju | tinarima dening Ywang Widi | wus pinêsthi ing ajal | yèn jumênêng ratu | tanbuh benjang kang dadia | marganipun pitulunging Ywang Kang Luwih | kathah kang dadi marga ||
23. sigêgên wontên pitulung Widi | kang kocapa wontên cinarita | ingkang tinutur purwane | pan sanès kandhanipun | tunggil băngsa agama suci | ing Rum kang ginupita | Sultan Ambar Prabu | wus lami amirsa[33] warta | nagri Jawa langkung risak kang agami | ngancikan dening kopar ||
24. wontên molana ingkang nyanggupi | wus dinuta mirsa nagri Jawa | wus winêling kentar
--- [f. 256r] ---
age | winêling sultan ing Rum | wanti-wanti kang sih ngagami | angadêg gama Islam | anut kangjêng rasul | punika kinèn ngukupa | anulungi sarta kinèn anyanggupi | sapanjalukanira ||
25. wus kawarta ing sabrang nêgari | wau Kangjêng Susunan Mêtaram | kang angadêg agamane | wong mukmin samya kumpul | sakêlangkung ngalêm agami | kang kinèn nulungana | molana wus laju | sampun ginawanan êcap | dènnya layar kapukur[34] Ngêrum nêgari | tan kawarna samodra ||
134. Pangkur
1. sampun prapta Batawiyah | wis misuwur yèn duta ing Rum prapti | Sarip Bêsar[35] wastanipun | pondhokira Pakojan | jindral mirsa lamun wontên duta rawuh | sangking ing Êrum nêgara | Ratfêni samya kawatir ||
2. Kumpêni pikir sadaya | dêlèr rolas samya arêmbag sami | duta rinapêtan wuwus | anulya ingaturan | wus parentah Kumpêni kinèn sêsugun | ingundhangan wong sadaya | duta Rum kinèn urmati ||
3. sadaya sampun arêmbag | atanapi wêdine wong Bêtawi | jrih parentah sakêlangkung | wus pinêthuk kang reta | Tuwan Sarip sêmana sampun lumaku | prapta ing gêdhong bicara | dêlèr jindral [jindra...]
--- [f. 256v] ---
[...l] pêpak sami ||
4. tata samya lêlinggihan | Tuwan Sarip Bêsar angucap aris | jindral manira ingutus | iki cape jêng sultan | apa nyata wêspadakêna sadarum | kasinggihan sabda tuwan | amocot tapiyo sami ||
5. lan manira kinèn priksa | ing risake jindral nêgari Jawi | Jindral Ratpêni umatur | tuwan samya tukaran | samya Jawa lan kadang pribadi iku | kawula buruh tulung prang | yèn sagêd anjum wak mami ||
6. risake nêgari Jawa | Tuwan Sarip ngucap ingong tinuding | sumăngga tuwan ing kayun | pa sira nurut ingwang | bokmênawa bisa narekahi ingsun | inggih kula langkung suka | sakarsa tuwan nuruti ||
7. kawula dhèrèk kewala | iya jindral sira lêgaa sami | ing Jawa ingsun arsa wruh | anging sabisaningwang | Jawa uni gih tuwan sumăngga kayun | wus dadi ing rêmbagira | bubar Tuwan Sarip mulih ||
8. marêngi jalma Sêmarang | mêngko wontên nêgari ing Bêtawi | Wiryamênggala ranipun | lan mantune satunggal | Wirasari tumut ing mratuwanipun | samya sowan Sarip Bêsar | tinakenan aturnèki [atur...]
--- [f. 257r] ---
[...nèki] ||
9. ajarwa jalma Sêmarang | pasang yogya ngong tulung nagri Jawi | amêsthi sira kang wêruh | kang prayoga nyêkêla | nagri Jawa ingong amirsa têtêlu | iku kang padha nyêkêla | prakosa pradongdi pikir ||
10. êndi ta ingkang prayoga | Wiryamênggala matur saha wotsari |[36] sumăngga karsa tuwanku | ingong datan uninga | adatipun kang aran prayoga iku | kang ngadêg agama mulya | dening kang kapirsa kami ||
11. ingkang rêmên ing agama | Nata Jawa saking sabrang kapyarsi | ana ingkang ajêjuluk | Susunan Pakualam | iya iku kang rinilan sultan ing Rum | angabayani ing Jawa | nging dèn sinungan kêkasih ||
12. iki tulis kang sun gawa | iya Sultan Khalifatolah nami | Wiryamênggala umatur | tuwan kilap kawula | kang prayogi inggih wontên namanipun | Jêng Pangeran Pakualam | kilap lêlabuhannèki ||
13. punika anak kawula | kadi uning dening punika dhingin | kawulanira sang prabu | tur mantri kang lêlurah | tate dhèrèk Sunan Pakualam iku | kala taksih anyatriya | andhèrèk kala ajurit ||
14. hèh ya nakira majua | ingong tanya warta ingkang prayogi |
--- [f. 257v] ---
Wirasari sampun maju | sapa ranmu nak ingwang | nuwun nêmbah kawula pun Wirasantun | Tuwan Sarip angandika | apa nyata Nata Jawi ||
15. wong têtêlu kang prakosa | inggih lêrês sapa ingkang wêwangi | ature Ki Wirasantun | satunggal sunan lama | lan Pangeran Mangkunêgara wartèku | mangke jumênêng narendra | tiga Sunan Pakubumi ||
16. jumênêng Sunan Mataram | mungguh sira putra ngong raja katri | êndi kang prayoga punjul | ămba matur sawêkca | Sunan Sala tan kantênan têksih timur | tan patos asih ngagama | cacade ajrih Kumpêni ||
17. Pangeran Mangkunêgara | ămba dèrèng uninga kang sayêkti | kawarti rêmên anginum | kinarya surèng wadya | èsmu wuru yèn aprang wawrat kalangkung | hèh prasetan sira pajar | tan ulap wong sura lali ||
18. umatur Ki Wirasêkar | Sunan Pakualam mangke tan uning | duk kala prajuritipun | ămba langkung uninga | kadi wontên sawarsa ămba tut pungkur | kati manah sumawita | wikana liyaning jalmi ||
19. yèn mênggah kula piyambak | dawêg-dawêg yèn dadia narpati | tan sikara suranipun | kunthara tan katara | tan lèmèrên bisa ngecani wadya gung | wong Jawa lulut sadaya | mila kariyin dinugi ||
20. winastan jumênêng nata | panêngêran [panêng...]
--- [f. 258r] ---
[...êran] jalma lit eca ngabdi | pakantuk wrat basa arum | kapranan dana krama | lawan boga basanipun botên samun | kang tuwa binasan tuwa | kang nèm sakarsa basani ||
21. kang tuwa pinaman-paman | patut kakang sagêd dènnya mrayogi | kang nèm adhi basanipun | tan mrailang ing karya | milanipun wong Jawa lulut sadarum | wikana liyan kawula | mênawi tan anyamèni ||
22. sawab kula katos manah | dawêg-dawêg jumênênga narpati | mangke tuwan wartinipun | langkung ngadêg agama | ratu adil wadyabala mukmin agung | tan arsa adhahar kharam | punapa ujar ngagami ||
23. boboting prang lakung awrat | wadyanira surane sêdya sabil | yèn aprang rêbat ing ngayun | pêjaha sabilolah | iya iku ki anak trus wartanipun | raja tiga mungguh sira | anak sira pilih êndi ||
24. mênawi botên sêmbada | sawab kula tuwan sampun akati | gusti kula laminipun | nging Sunan Pakualam | dawêg-dawêg tuwanku ingakat ratu | iya ingong têka rêmbag | dening têrus lawan warti ||
25. putraningsun saupama | ingsun utus sira murugkên tulis | apa sira dhangan kayun | Wirasari aturnya [a...]
--- [f. 258v] ---
[...turnya] | mring kang kalih tan kadugi yèn kautus | yèn dhumatêng kang satunggal | pun dasih inggih nglampahi ||
26. wikana dipun dhahara | sangking manah kawula gih kadugi | iya ing Sêmarang besuk | rêmbagan kang prayoga | Tuwan Sarip mojar Wiryamênggalèku | ingong milua pêputra | mring anakmu Wirasari ||
27. kênaa sun gawe dhandhan | pirabara bisa ngangkat wak mami | inggih sumăngga turipun | wus dangu samya bubar | tan alama kalawan antaranipun | Sarip Bêsar sampun mangkat | layar mring nagri Sêmawis ||
28. sarêng Ki Wiryamênggala | Wirasêkar kang ngatêrkên Kumpêni | tan lami anèng ing laut | wus prapta ing Sêmarang | Kumpêni samya sêsugun jrah[37] kalangkung | wong Jawa langkung sukêmnya | dhumatêng ing Tuwan Sarif ||
29. wus lami anèng Sêmarang | kang pinikir marganira kapanggih | kalawan kang putra prabu | susunan ing Mêtaram | rêrêmbagan Wiryamênggala nèng ngayun | Tuwan Sarif angandika | anakira tan kaèksi ||
30. tuwan inggih wontên wisma | lah undangên ingong arsa pêpanggih | ingundang sampun cumundhuk | Tuwan Sarip ngandika | putranira Wiryamênggala sun pundhut | pirabara [pira...]
--- [f. 259r] ---
[...bara] benjang wuntat | sun bisa gawe priyayi ||
31. inggih sumăngga ing karsa | Tuwan Sarif anari Wirasiri[38] | putra ngong priye pikirmu | margane ngong panggiha | lan Susunan Mêtaram kang gama Rasul | apa ngong pamit Wêlănda | apa bêcik ngong kilapi ||
32. umatur Ki Wirasêkar | pangraos kula tuwan kadi tan kêni |[39] yèn Kumpêni samya wêruh | tan wande katiwasan | dene-dene tuwan bêktaa wadya gung | tuwan mung badan sapata | mênawi ambilaèni ||
33. Tuwan Sarif Bêsar ngucap | yèn gawaa wadya gung awak mami | nora wang-wangên ing laku | sun laju pêpanggihan | mung wadane tan bêkta wadya wak ingsun | angsal kapanggih manira | kalawan Raja Mêtawis ||
34. gampang kapikir ing wuntat | Wirasari matur ing Tuwan Sarif | yèn taksih Dêlèr Hugèndruf | tan kêni abêcika | jêng susunan bêrncinipun[40] sakêlangkung | sawab tate cinidranan | tan kêna rêmbag ing pikir ||
35. yèn mêngkono tuturira | kêdah ingsun panggih Sunan Mêtawis | ingsun arsa nyalong laku | ngilang têka Sêmarang | nora ketang iya pêjaha wak ingsun | angsal kapanggih sakêdhap | lan anak Raja Mêtawis ||
36. umatur Ki Wirasêkar | inggih tuwan kula tan nyuwawèni | igih
--- [f. 259v] ---
lêrês nyalong laku | kang adhêmit prayoga | yèn suwawi ya utusana rumuwun | sarta binêktanan layang | ngaruhkên pakuwon aji ||
37. benjang yèn sampun karuwan | jêng susunan makuwon ingkang yakin | kawula purun lumaku | nuntên tuwan panggiha | iku bênêr sapa prayoga kautus | kula tuwan darbe rencang | punika ngutus prayogi ||
38. ingong nurut pikirira | lah gawea layang ingkang abêcik | dèn dhêmit aja na wêruh | inggih tuwan sandika | wus winêling kawrat surat ika sampun | sang duta sampun winêkas | sandika asmarèng galih ||
135. Asmaradana
1. wus mintar duta kêkalih | kang satunggil wong Sêmarang | wong Surabaya rencange | wau ti[41] Ki Wirasêkar | wus lêpas lampahira | samarga-marga anyamur | lampahe mêdal ing Dêmak ||
2. sigêgên ingkang lumaris | winarna kangjêng susunan | anèng Bancar pakuwone | sangêt anêdhèng Pangeran | anuju bakda Siyam | kang abdi sowan sadarum | atur bêkti ing narendra ||
3. ingkang sami pacak baris | sadaya prasamya prapta | sampun pêpak kumpul kabèh | Ki Tumênggung Alap-alap |
--- [f. 260r] ---
prapta sakancanira | lawan Tumênggung Tankundur | sakancane sampun prapta ||
4. wong Margăngsa Brajamusthi | sakancane sampun sowan | mantri Sokawati kabèh | sapanêkare Mas Răngga | lurahe Wirarana | prapta asowan sang prabu | miwah wong măncanêgara ||
5. kang lèr Sela Wirasari | Garobogan sami prapta | ikang angirid lampahe | Kangjêng Pangeran Bintara | miwah wadya ing Dêmak | sakidul kilèn sadarum | urut Kêndhêng samya sowan ||
6. wong Dêmak ingkang angirid | Rahadèn Martawijaya | wadya Kampak kumpul kabèh | lurahe Jayalêlana | prapta sowan narendra | ngunjukakên bêktinipun | anuju ing sasi Sawal ||
7. ri sêdhêng lagya apikir | Mas Răngga tur uninga |[42] Pangran Mangkunêgarane | sawadya budhal mangetan | mring Madiun karsanya | di dalêm samya amêthuk | ingkang atêngga tampingan ||
8. Wirarana kang narungi | di dalêm kawratan lawan | ing mangke kawon pêrange | ngunjukakên pêjah gêsang | mangke sowan sadaya | dening mêngsah karsanipun | Madiun karsa rinisak ||
9. ămba asangêt kuwatir | mring putra paduka nata | Pangeran Dipati Anom | bilih yêktos ingkang warta | wantu samya taruna |
--- [f. 260v] ---
amasthi karoban mungsuh | tan wande katêtiwasan ||
10. Tumênggung Lap-alap bêkti | atur uningèng narendra | Kumpêni budhal lampahe | mondhok ing Bêtah sadaya | masuwur ingkang warta | arsa gitik ing sang prubu[43] | wartanya wus prajangjeyan ||
11. lan Pangran Mangkunêgari | sinuwun pinaju tiga | pangran sing wetan lampahe | Si Sêmarang mêdal Dêmak | wartane têlik kabar | pun gupênur sang kidul |[44] jêng susunan angandik |[45]|
12. langkung ewuh ati mami | iku ature akathah | seje-seje ing wartane | hèh padha sira pikira | endi ingkang prayoga | kabèh kang para tumênggung | myang adhi-adhi sadaya ||
13. Pangran Natakusuma ngling | yèn sawawi lawan karsa | ingkang amêsthi wartane | tinurut kang linampahan | alêrês adhi Răngga | sawawi ngrêbat Madiun | sangêt kawatir kawula ||
14. masthi atadhah putra ji | ing têmah puwara tiwas | yèn têmên-têmên wartine | nauri Ki Măndaraka | boya pikir manira | warta rong prakara iku | kang dêrêp pantês bênêra ||
15. sakathah kang têngga margi | sadaya sami pinriksa | pundi kang sami wartane | punika amasthi têrang | wus pinirsa sadaya | Brajamusthi lan Tankundur | sami ture Alap-alap ||
--- [f. 261r] ---
16. Pangran Bintara ngabêkti | susunan pêngraos kula | kadi lêrês ing wartine | pun Tumênggung Alap-alap | lan kathah ingkang tunggal | sunan kaping kalihipun | sanadyan lêrês pun Răngga ||
17. adate Mangkunêgari | Madiun kang pinaranan | angsal kalih ing krêsane | sapindhah ginawe sêmang | sampun risak ing Pajang | sampeyan pinrih abujung | lampahe nora sawêkca ||
18. mring Madiun ămba dugi | dinamêl wados kewala | mring nak mas Dipati Anèm | supaminipun dhatênga | kalbèng pintên prakara | sunan akathah liripun | yèn jamak kadi tan kêna ||
19. baya sagalakannèki | botên anêdha sanaknya | pangraos kula akale | yèn kuningan buh polahnya | nuntên alit kang manah | angandika sang aprabu | yèn mêngkono karêpira ||
20. sira rêmbag ari mami | sida ingsun maring Pajang | wadyèngsun pa rêmbug kabèh | ature samya arêmbag | mumpung Kumpêni pisah | wus suwarèng wadya agung | enjing kinèn samya dandan ||
21. ing latri nora kawarni | wus enjang nêmbang têngara | tambur bèri bêndhe rame | salomprèt suling sauran | pêngajêng wus lumampah | Lap-alap lawan Tankundur | wong Margăngsa anèng ngarsa ||
--- [f. 261v] ---
22. anuntên măncanêgari | têtindhih Pangran Bintara | ing wingking bupati kabèh | Pamêkas wau Pangeran | Natakusuma lawan | Pangran Pakuningrat ngayun | wingkinge wong jro sadaya ||
23. wus budhal sri narapati | ing wingking wong Suranata | Pangran Ngabèi tindhihe | wus lêpas dènnya lumampah | ngidul ngilèn sing Bancar | sigêgên pangran winuwus | kang lumampah gêgancangan ||
24. Pangeran Mangkunêgari | mring Madiun karsanira | măncanêgara ngarsa ge | kang dados panganjuri[46] prang | sakèh măncanêgara | gêgamane lakung agung | anulya kang mantri jaba ||
25. anèng Bêtah ênggènnèki | pangeran lumakyèng wuntat | ginêlak wadya lampahe | wong Madiun sampun awas | yèn baris gêng kang prapta | nyandêr lumayu tur wêruh | mring gusti Pangran Dipatya ||
26. anjujug dhatêng pêpatih | kang aran Arya Panatas | wus tinutur salampahe | inggal binêkta asowan | dening Arya Pênatas | wus lumêbêt dalêm agung | asowan wontên ing ngarsa ||
27. kawula tur uning gusti | abdi sampeyan pangarsa | atur uninga nah anggèr | mêngsah sampeyan gêng prapta | kang tindak raka dika | Pangran Mangkunêgarèku | langkung agêng kang gêgaman ||
28. kang ngajêng măncanêgari | mangke têksih alêlampah | pangeran ngandika alon | yèn mêngkono wartanira | kumpulna [kum...]
--- [f. 262r] ---
[...pulna] wadyaningwang | samakta gêgamanipun | lan bocah ingong lêlurah ||
29. padha timbalana aglis | Arya Panatas wus mêdal | akèn têngara kêndhang gong | tambur bèri bêndhe umyang | kagyat prajurit samya | gumêrah sumaos kumpul | nèng alun-alun atata ||
30. lêlurah wus kumpul sami | miwah kang nèm kang atuwa | sowan ing ngajêngan andhèr | akêpang anèng ngayunan | miwah ing kering kanan | atanapi anèng pungkur | kathah mêdal pêpungkuran ||
136. Pangkur
1. jêng pangeran angandika | hèh ya kabèh sira padha sun tari | lêlurah ingong sadarum | kang taruna kang tuwa | kaya priye pikirmu prakara mungsuh | karsaningong ingsun papag | tanbuh cabar tiwasnèki ||
2. saur pêksi turing wadya | yèn sawawi kula turi gumingsir | dede tandhing sakêlangkung | agêng mungsuh kang prapta | abdi dalêm karoban tan wande lêbur | pangeran asru amêksa | wadya sangêt agendholi ||
3. ature Arya Panatas | abdi tuwan lir timun saupami | mungsuh durèn singganipun | tan wande jur sadaya | lamun tiwas kula kinêthok sang prabu | yèn mêngkono aturira | myanga kang Purwanêgari ||
4. tuturên saaturira | lamun kakang ingong ajak gumisir [gu...]
--- [f. 262v] ---
[...misir] | Arya Panatas lumaku | panggih Purwanêgara | kula pangran ingutus ing gustiningsun | amatêdhani uninga | lamun mungsuh agêng prapti ||
5. têlik kula langkung awas | Pangran Mangkunêgara tindak pribadi |[47] tinutur salampah mungsuh | Purwanêgara ngucap | sarya kêkilêman lagya sakit wau | nanging tan sangêt sakitnya | paman dora ingkang warti ||
6. dede pangeran piyambak | kang lumampah manira wus udani | kangmas puniku kang nyamur | lan rèncèk Jagaraga | atanapi kiwêr măncanêgarèku | lawan Si Ranadipura | gêlaripun sampun ênting ||
7. ngayoni Purwanêgara | tandhing jitus dèrèng si angodhili | Arya Panatas turipun | yêktos pangran piyambak | kang lumampah wadya jro pêpak sadarum | hèh puniku sêsambatan | manira sampun udani ||
8. dhuh pangran sampun mêngkona | pan asangêt timbalane jêng gusti | kadipundi karsanipun | kangjêng gusti pangeran | inggih rayi dika agèr karsanipun | inggih arsa gumingsira | dika kinèn dandan aglis ||
9. mêngsah gêng sampun acêlak | Purwanêgara gumuyu dhuh gusti | nora kaya mêksih timur | kamarasên kang manah | dumèh [du...]
--- [f. 263r] ---
[...mèh] mêngsah gêng prapta andika matur | kangjêng gusti sampun maras | yèn kawula dèrèng mati ||
10. yèn kawula têksih gêsang | sampun age pangeran angoncati | atilar nêgaranipun | Madiun botên eman | dipun tilar kangjêng gusti punapèngsun | tinanglêdtan[48] têmên ingwang | angrêksa ing kangjêng gusti ||
11. ajalma-jalma ping sapta | nora sêdya mindra tilar ing gusti | dèn tontona lamun mundur | dèn rampoga piyambak | wong bêbêrngos Purwanagara lumayu | mandahe guyoning jalma | mondrèng Madiun kang bathil ||
12. dêdungik lan sambewara | jêplak langak gumuyu angèsêmi | yèn kula calong[49] palayu | tinggal nêgaraningwang | nora sae mulat jalma ta wak ingsun | lamun dèrèng babak bunyak | tan arsa tilar nêgari ||
13. dika matur gustiningwang | sampun kesah-kesah saking nêgari | dèn eca lênggah Madiun | yèn kula wus palastra | sakarsane jêng pangeran gustiningsun | yèn kawula taksih gêsang | langkung sangêt atur mami ||
14. lawan dinanipun ala | sapuniki tan arsa sun gumingsir | ewona lêksan kang mungsuh | tan ngoncati manira | pan asangêt Arya Panatas turipun | kang wêling rayi andika | ngajak kumpul dadi siji ||
15. sanadyan [sanadya...]
--- [f. 263v] ---
[...n] pêjah gêsanga | botên paman kawula nuwun runtik | yèn arsa jêngkar gustingsun | dèn tilara kawula | têngga nagri Arya Panatas amuwus | dadose kapara tiwas | Purwanagara nauri ||
16. paman jamake wong lanang | mati rêbat nagri ngurêbi kori | wus paman andika matur | sangêt nuwun kawula | tan andhèrèk Arya Panatas wus wangsul | umatur dhatêng pangeran | salampahe sampun ênting ||
17. ature Purwanêgara | sampun katur pangran èwêd kang galih | adangu rinêmbug-rêmbug | sigêg kocap kang mêngsah | wus andungkap sakilèning Lèpèn Catur | pêngajêng kinèn[50] kèndêla | atata-tata kang baris ||
18. Pangeran Mangkunêgara | angandika dhumatêng wadyanèki | hèh sakèhe wadyaningsun | rèrèna ja na nabrang | Kali Catur bokmênawa ariningsun | gènnya gumingsir kasêsa | utawi risaka adhi ||
19. mindah kiyai dukanya | masthi adhi rêngu grundêl ing kami | wong tuwa tanpa ngrasèngsun | angur mungsuha pisan | jêng kiyai yèn kawon tan isin ingsun | wadya wus kandhêg sadaya | dhêdhêg sakilèn bênawi ||
20. pangeran aris ngandika | wong Magêtan Jagaraga pangarsi | sira nyabranga sadarum | padha agêgilaa | ja nêmên [nêmê...]
--- [f. 264r] ---
[...n] isun prih kentara rèningsun | uningaa ngong kang prapta | dèn tinggala kang nêgari ||
21. kang sun rêbêt[51] nging nagara | nora sêdya angrisak ari mami | kang gun prih nagri Madiun | jêng kyai uningaa | ingkang dadi atiningsun iya iku | pangarsa samya anyabrang | sakèh wong măncanêgari ||
22. wadya Madiun wus wikan | lamun mêngsah nulya tur uning |[52] dhumatêng ing gustinipun | mêngsah sampun anyabrang | angandika kapriye apa pinêthuk | kang wadya sangêt turira | rêmbag mindra pangran angling ||
23. si kakang Purwanêgara | ewuh isun bangêt nora ngrêmbagi | yèn sawawi gustiningsun | dhawuhana piyambak | lamun tindak pun kakang kadi anurut | jêng pangeran sampun bubar | Purwanêgara kapanggih ||
24. pangeran aris ngandika | kadipundi kakang mêngsah gêng prapti | kangmas piyambak kang rawuh | saha gêgamanira | ngong wêtawis amêsthi karoban mungsuh | rêmbuge batur sadaya | prasami ngajak gumisir ||
25. mangke mungsuh sampun nyabrang | dawêg kakang dika ngong jak gumingsir | ngeca-eca tingal ingsun | nora nana adangdan | lah ta dawêg kakang dangdana dèn gupuh | mati urip barêng kula | Purwanagara nauri ||
26. gusti panuwun kawula | nahing agèr ngaturkên [ngatur...]
--- [f. 264v] ---
[...kên] pati urip | kula lênggana kêlangkung | ing sadintên punika | botên purun gumingsir sing wismaningsun | kang awak dawêg alara | gusti sampeyan rumiyin ||
27. dhuh andika kaya bocah | dawêg kakang barêng kalawan mami | mati urip lawan ingsun | adhuh gusti kawula | sangêt nuwun nuntên wontên abdi rawuh | tur uninga mêngsah cêlak | angêpang wetan dèn gèni ||
28. dawêg kakang adangdana | dèn agupuh Purwanêgara angling | sangêt lênggana anuwun | dhuh gusti gumingsira | benjing enjing kula nusul gustiningsun | kang awak asangêt lupa | gusti mijila rumiyin ||
137. Mijil
1. wontên malih abdi atur uning | mêngsah dhatêng mangko | sampun ngêpang wetan kidul kilèn | kang dèrèng nyabrang langkung gêng gusti | pangeran sru angling | kakang kadang ingsun ||
2. lah ta dawêg gumingsir dèn aglis | nuwun sangêt dhepok | Purwanêgara lênggona mangke | jeng pangeran tan arsa lumaris | yèn tan anyarêngi | Purwanêgarèku ||
3. dhuh dèn inggal gumingsira gusti | ture sangêt ngepon | kantuna kula pribadi agèr | rumiyina yèn wêlas ing kami | lamun tiwas gusti | dadi apa ingsun ||
--- [f. 265r] ---
4. masthi kula kinêthok sang aji | amêksa sang anom | ngajak gumingsir ngecani bae | Purwanêgara gusti sawawi | lumampah dèn aris | wus bubar sang bagus ||
5. sawadyabala daut prasami | gumuruh punang wong | mêngsah ngêpang pangran ngalèr mangke | wus lêpas pangran sawadyanèki | Purwanêgara glis | sabature wangsul ||
6. myang rabine wus prapta ing panti | karsaning Ywang Manon | punang mêngsah jrih buru lampahe | dhumatêng kangjêng pangran dipati | mêngsah amiranti | pinggir banon agung ||
7. ingkang lèr wetan samya dèn gèni | kidul wetan mangko | sinuwungakên kocapa mangke | tan nyabrang Pangran Mangkunêgari | mrih adoh kang rayi | pangran karsanipun ||
8. Purwanêgara bature kêdhik | kang tisna kimawon | kang tumut bali kèh dhèrèk mangke | dhumatêng kangjêng pangran dipati | wênèh samya ngungsi | nak rabi rinêbut ||
9. nging ponakawan lawan Saragni | gulang-gulang mangko | pan anging saparo wêtawise | kathahipun sèkêt agêng alit | Purwanagarèki | tan suda ing kayun ||
10. eca sarean tan angati-ati |[53] ingadhêp punang wong | tan rasukan aweya polahe | ingkang
--- [f. 265v] ---
ngêpang gumuruh ing jawi | ka dadi pangarsi | sadaya angamuk ||
11. sakancane wong măncanêgari | acêluk punang wong | samya pemut ing jawi basane | ingkang wêlas-wêlas samya angling | gumingsira ugi | pan dudu mungsuhmu ||
12. sasat sira karubuhan wukir | bangêt marmaningong | Purwanêgara kentara age | ki marga mumpung durung kèh prapti | gaman gêng ing wingking | mijila dèn gupuh ||
13. Pangran Purwanêgara atangi | mijil ngungak banon | lir tinantang rasane atine | ingkang nèng jaba samya ningali | lah mêtua aglis | têmên-têmên ingsun ||
14. Pangran Mangkunêgara nèng wuri | dudu mungsuh mangke |[54] Purwanêgara alon dêlinge | ngaraha kentar mau duk têbih | ngong wirang ing jalmi | tilar nagarèngsun ||
15. nora sae tumingal mring jalmi | ganadhuhan[55] ingong | nagari Madiun dening rajèng | sapa wonge ingkang anganciki | ngong palaur mati | lumuh wirang isun ||
16. dhuh angur sira maksiha urip | anda lêlakon |[56] ngabdi nata sokurira mangke | antuk sih dalêm angêmpèk mami | ja sira tanggoni | lah dèn inggal mêtu ||
17. Purwanêgara asangêt runtik | garwa nangis mako | dhuh kakang karoban mungsuh mangke | dawêg [da...]
--- [f. 266r] ---
[...wêg] mêdal sênêtan kang rabi | yèn sira jrih mati | mêtua dèn gupuh ||
18. ingong iki tan sêdya gumingsir | mindêl garwa jrih non | Purwanêgara wangsul ênggène | sêsarean karaos kang sakit | Amangkunêgari | gèn bêdhah Madiun ||
19. pamrihe ta ginawe ling-aling | ja awon kemawon | ngarbat Madiun krêsane dhewe | wau Pangeran Mangkunêgari | ginawe miwiti | ambeka sang prabu ||
20. pinrih dhatênga dêduka aji | kang ngêpang winraos | Ranadipura lan sarencange | Tirtayuda wong ing Saosragi | Purwanêgarèki | mêtua dèn gupuh ||
21. lumayua yèn tan wani mijil | iki marga bonglot | eman matia kabagusane | iya dudu lawanira jurit | akèh kang kapyarsi | mêmanasi nêpsu ||
22. amirsa Pangran Purwanêgari | wantune wong anom | bramêtya lir sinêbit karnane | awungu karsanira yun mijil | kang wadya angiring | nglèmbèhakên dhuwung ||
23. mènèk banon kang jawi ningali | agègèr punang wong | samya wiwrin jalma alit kabèh | Pangran Purwanêgara sira ngling | ja na wong gumingsir | êndi kang amuwus ||
24. kèh karungu nguman-uman kami | sumaur tan alon | iya aku Ranadipurane | iku sapa pathak Jagaragi |
--- [f. 266v] ---
iku kang sawiji | sayadan sun dulu ||
25. mondrèng pangalusan sun tingali | durung kawus mring ngong | pira lawase têka marene | durung pulih sira wani maning | lamun sira wani | garumungên ingsun ||
26. lumêbua wani angayoni | tanpa rencang ingong | karubutên lah dèn inggal kene | sira iku wong tan idhêp ngisin | ngur dadia èstri | tapiha sadarum ||
27. eman ngrêngkuh èstri dêlap urip | ngur matia mangko | dan dêdawa ucap-ucapane | lakung bramêtya kang anèng jawi | ngabani Saragni | bêdhile gumrudug ||
28. Purwanêgara ngudani mimis | tan obah binendrong | nora obah asru pangucape | mara aja kurang obat mimis | Purwanêgara glis | mudhun arsa mêtu ||
29. mung rolas rencangira kang mijil | angamuk tan alon | lumaywa wiwrin kabèh mungsuhe | binalêdig samya niba tangi | langkung dening ajrih | tan nolèh ing pungkur ||
138. Pangkur
1. angungsi bêndaranira | sampun wangsul Pangran Mangkunagari | anata ing wadyanipun | ngubêngkên pakêr[57] bata | rèhning kêdhik jinajar rigit[58] wongipun | Pangeran Mangkunêgara | dangu nganti kilèn kali ||
2. badhil[59] ramya kapiyarsa | mangke kèndêl dipun nyana kang rayi | sampun [sa...]
--- [f. 267r] ---
[...mpun] jêngkar watir kalbu | pangeran angandika | iki bêdhil kapirsa baya rènisun | lumaris tarung lan bocah | wongira umatur sami ||
3. inggih lêrês dugi kula | lamun nyata ingong sangêt ingong kuwatir |[60] dhumatêng ing ariningsun | bêdhil ki rong prakara | yèn ningali wong ngayun tan arsa mundur | bokmanawa para tiwas | mendahe kadange èstri ||
4. mindah kiyai dukanya | kapindhone yèn kalah batur ngarsi | langkung amêmirang iku | mundhak kêdhik atinya | ariningsun wêkasan mring isun purun | lah payo pa anyabrang |[61] bocah kabèh pamrih mami ||
5. si adhi duwea taha | ningali mring ngong sun prih ya gumingsir | yèn wani ta nora wurung | bilaine wong aprang | liwat lali sadaya samya arêbut | têngara kabèh anyabrang | tambur gubyar lawan bèri ||
6. awor pangriking turoga[62] | nyabrang kabèh wontên wetaning kali | ginêlak lampah wadya gung | sumahab wadyabala | wontên wadya mêthukakên atur wêruh | lamun kang rayi wus linggar | pangran wus eca kang galih ||
7. lumaku kinèn lon-lonan | sampun prapta ngalun sira glis |[63] pangran kèndêl ngalun-alun | wadya miranti tata | ing byantara kaèbêkan [kaèbê...]
--- [f. 267v] ---
[...kan] wadya agung | samya eca dènnya raryan | tan nyana yèn musuh taksih ||
8. dadya kang ngêpang atêbah | nora wêruh baris wingking ngajoni | mulanya norana sung wruh | kang raryan ngeca-eca | kang satêngah wadya rêrayah pan agung | de Pangran Purwanêgara | wadyanira atur uning ||
9. mêngsah wiking agêng prapta | pan araryan ngalun-alun ngèbêki | dhuh gusti langkung gêngipun | sawawi ingoncatan | mumpung dèrèng angêpang kang baris agung | sadaya sami karuna | miwah sagunging pawèstri ||
10. kang garwa nukêmi[64] pada | sakalangkung nangis kawêlasasih | lir garantang sambatipun | lir pulung kapipitan | ngasih-asih kadya Sundari karungu | kapawanan amlasarsa | pangkyan têlês luh drês mijil ||
11. kangmas bênêr rayi dika | Kangjêng Gusti Pangeran Adipati | katuwone gustiningsun | pisah lan kang kawula | kadipundi pangeran dawêg anusul | tan wande andika tiwas | yèn botên dika gumingsir ||
12. amasthi lamun palastra | awak ingong dadi tawan ing benjing | Purwanêgara amuwus | yayi aja udrasa | wus jamake wong lanang mati prang pupuh | jamak wong rêbut nêgara | yèn tiwas nêmahi lalis ||
--- [f. 268r] ---
13. putra sami dadi tawan | ariningsun tan sadya sun mendrani | ingkang garwa sru amuwus | inggih kangmas awawrat | nora ngucap dadia tawan su[65] lampu[66] | punika ta dede wawrat | anglir karubuhan wukir ||
14. lah yayi sira mênênga | bêbingungi kapriye gon gumingsir | wirang ngong palaur lampus | nom mati tuwa pêjah | pirabara yayi mas antuk pitulung | ujar ta wis ingsun jarag | nora sêdya sun unduri ||
139. Durma
1. wis ta yayi asraha marang Pangeran | mêdal Purwanêgari | sangking wismanira | adan nabuh gamêlan | wus muni kang carabali | èsmu pênantang | karubutên ngajurit ||
2. muni umung carabalèn jroning pura | sarta samya prajangji | wong sèkêt kathahnya | ingajak barêng pêjah | aja na ingkang ngoncati | sami supata | ambêke sêja mati ||
3. angêmandhang gamêlane ingkang munya | kagyat kang anèng jawi | prasamya garjita | uning mêngsah asura | dening têka anglangkungi | baya tan jalma | surane anglangkungi ||
4. sarêng mirsa Pangeran Mangkunêgara | sun mirsa carabali | bocah dèn prayitna | mungsuh mêmpên ing pura | apa ta iki si adhi | kang uning turnya | dede punika gusti ||
5. sapa iki punika Purwanêgara | dening [de...]
--- [f. 268v] ---
[...ning] kari mring adhi | datan purun kintar | wirang tilar nêgara | dening têka anglangkungi | durung tumingal | jalma sura lir iki ||
6. mirsa gamêlan lir sinêbit kang karna | galihe wus atampi | yèn lamun tinantang | pangeran ngatag wadya | mara rêjêkên dèn aglis | ja na kang gêsang | ingsun tumbak pribadi ||
7. sira lamun lumayya ngong liwat wirang | norana lanang ugi | nging Purwanêgara | dyan têngara maju prang | golong pipis[67] dadi siji | bupati jaba | ingkang dadi pangarsi ||
8. sarupane prajurit jro anèng wuntat | kori agêng dèn byuki | manjing jro gledhegan | angabongi pasowan | tanapi griya kabêsmi | kang pinggir bata | sirna tan ana kari ||
9. nora obah Pangeran Purwanagara | gamêlan maksih muni | wong Mangkunêgaran | tan ngage ringa-ringa | alir[68] buta angsal daging | angamah-amah | sêjane ngidak wani ||
10. kari[69] jaba dinêdêl pan sampun mênga | kang tan sarănta ngati | mènèk pagêr bata | manjing kari[70] ping tiga | danêdêl[71] dangu tan kêni | wadya kang sura | mènèk bata mêngani ||
11. wus lumêbu pasowan lêbêt ingobar | paregolan kang kangri[72] | nanging sampun mênga | minêb samur gamêlan | Purwanêgara pan mijil | mêngsah tan nyana | manjing dalêm sapalih ||
--- [f. 269r] ---
12. rêbat dhingin tan nya korine mênga |[73] nêmpuh Purwanêgari | samya ngamuk rampak | kagegeran kang ngrayah | salang tunjang niba tangi | kacadhak pêjah | kathah kang nandhang kanin ||
13. nora kèndêl angamuk Purwanêgara | nora angeka pati | mapan tinadhahan | angisis kang katrajang | polahe lir singakarti | mêngsah lumaywa | wawrin[74] atumpang tindhih ||
14. jalma alit yèn ngaraha pinêjahan | masthi kathah kang mati | amrih ingkang sipat | prayayi kang kacandhak | wong cili dipun buntari | susun atumpang | wong tiba dèn liwati ||
15. mêngsah giris binujung mêdal gledhegan | ngalun-alun wus prapti | wong jro samya tadhah | wong Saragêni abang | gumrudug bêdhile muni | cêmêng nyanjata | wong lorèk angêbyuki ||
16. pêtêng kukus sundawa samya kasêsa | bêdhile nora olih | kang ngamuk asura | liwung tan ngrasa gêsang | angukih agêgilani | Saragni abang | lan lorèk cêmêng wiwrin ||
17. lumayu nrajang gusti gègèr puyêngan | Pangran Mangkunêgari | katunjang ing wadya | kèngsêr nora atêbah | kèh mati lumayu kanin | pan sami rencang | norana dèn tolih |[75]|
18. kasayahên Pangeran Purwanêgara | dènnya ngamuk wus bali | manjing wismanira | kori wus tinutu[76] |[77]
--- [f. 269v] ---
mêngsah gègèripun têksih | ulêng-ulêngan | wênèh ana andhêlik ||
19. kang sawênèh ambucal pangagenira | Pangran Mangkunêgari | dukane kalintang | jaja brit lir dahana | kalulun gègèring jalmi | sangêt bramêtya | wadyarsa dèn tumbaki ||
20. abalia nora emut ing jangjeyan | dening ala si anjing | asu abang edan | cèlèng irêng kaparat | si asu lorèk tayoli | padha balia | sarta kinèn ngadhangi ||
21. mantri jêro lawan wadya kawan dasa | ingkang kinèn ngadhangi | kang maksa tinumbak | samya wangsul sadaya | pangeran asru dènnya ngling | kang ngamuk pira | sira lumayu anjing ||
22. ala têmên mendah mungsuha Walănda | atataa dèn bêcik | de Purwanêgara | katur sampun anulak | pangran sru duka kapati | dening kaparat | mêlayu si panyakit ||
23. langkung ajrih wadya tumungkul sadaya | nulya sami prajaji | supata sadaya | kinèn angrasang bata | aja na wong ngrasa urip | kangjêng pangeran | anindhihi pribadi ||
24. tambur muni wus prapta jabaning bata | kinêpang têpang kikis | têtindhih pinatah | wetan lèr kidul kilyan | pinggir banon wus rinampid | kang nèng jro bata | liwung anekad sami ||
25. mubêng bata [ba...]
--- [f. 270r] ---
[...ta] wadyane ajajar wayang | sapakolèh wong kêdhik | jangji barêng pêjah | ngikêt niyat srah ing Ywang | lila warana ing pati | panêdhanira | mijil barênga mati ||
140. Mijil
1. ingkang jaba aprayitna sami | angrasa năngga bot | nadhahi wong arsa mati kabèh | Pangran Mangkunêgara nèng kori | kinèn ngrangsang wani | wadyanya sadarum ||
2. samya mènèk angungak binêdhil | lèr wetan dul kulon | lagya ngungak dipun bêdhil malèh | niba siti tangi mènèk malih | sarêng ingugahi | kang anèng jro bingung ||
3. Purwanêgara non tulung aglis | kang mènèk malarod[78] | kang lèr minggah atarung arame | gancang atulung Purwanêgari | kidul dèn inggahi | tinadhahan tarung ||
4. Purwanêgara gancang nulungi | wetan minggah banon | tinarungan kang jrong[79] repot mangke | mangetan tulung Purwanêgari | minglêp samya ajrih | pangran duka asru ||
5. adoning wadya norana ngukih | ngundhangan punang wong | barêng mara hir muni arame | anyarêngi gargut ngrangsang wani | jro bingung nadhahi | ramya surak umung ||
6. ingurugan bathang samya wani | aramya prang amor | kaguguran kang jro kewran kabèh | akèh mati norana tinolih | kang nèng jro angungsi [angung...]
--- [f. 270v] ---
[...si] | gustine angumpul ||
7. dhumatêng Pangran Purwanêgari | tandange amarod | anglir singa lodra mrih mangsane | sura lir banthèng anandhang kanin | abot dèn tadhahi | ngure remanipun ||
8. tan rasukan ngiwud kang dulu jrih | sayah sampun repot | Purwanêgara dènnya prang make | kumpul sawadya samya bêk pati | kantune kang urip | wus kathah ka lampus ||
9. Pangran Mangkunêgara sinipi | duka mring punang wong | dêdêl kori wus bêdhah ta mangke | kang anèng ngarsa wadya Wêlandi | ingkang anyanggupi | padha siji purun ||
10. mènèk bata Wêlandi kang siji | panggenane manggon | Dyan Purwanêgara non karine[80] | sampun bêdhah sarta dèn lêbêti | anarajang wani | katdhahan wau |[81]|
11. kilèn lèr wetan kidul ningali | atas dènira non | kori sampun linêbêtan mangke | sampun anjo[82] kang angêpung sami | wurahan ing wuri | ka ngamuk rinêbut ||
12. nora anolèh Purwanêgari | nging ngarêp kimawon | kang dèn pêlêng barênga pêjahe | ginarudug bêdhil maksa ngukih | baya wus pinasthi | prapta ngajalipun ||
13. wus karsaning Ywang Agung Kang Luwih | ramating[83] Ywang Manon | kala [ka...]
--- [f. 271r] ---
[...la] wêktu puniku tibane | nulya sinanjata ing Wêlandi | pupune kang kêni | pasah rèrèh mundur ||
14. andhepo-dhepok[84] saya ngranuhi | alênggah pan alon | ing mêndhapa dèn têkêm wêntise | waspanira ingusapan mijil | karaos ing gusti | tan duwe kanthiku ||
15. pangkyan bêk luh alantaran pipi | yèn matia ingong | karantan-rantan nangis gustine | akèh kawarna gawe mlad[85] ati | Ănggaima uning | lumayu rumuwun ||
16. Wlănda Gaima arsa ngakahi | pinarjaya mako | dening Pangran Purwanêgarane | Wêlandi Gaima nandhang kanin | nulya dèn kathahi | sampun kinarubut ||
17. pira suwene dipun kathahi | ginarumung ing wong | Purwanêgara wus lalis mangke | rencangira sadaya ngêmasi | norana sawiji | kang urip wongipun ||
18. garwanira jrit nulya ngêbyuki | wus katawan mangko | rinayah sakèh rajadarbene | padalêman ingobongan ênting | wus lêga kang galih | pangran suka langkung ||
19. sapêjahira Purwanêgari | suka tyas sang anom | wus akumpul sawadyabalane | pangran rêmbagan anèng nêgari | dhangdhang ngalik-alik | kang mêntas prang pupuh ||
--- [f. 271v] ---
141. Dhandhanggula
1. kang kocapa wau de sang kawi | Pangran Mangkudipura wus mirsa | nagri Madiun bêdhahe | bubar sawadyanipun | gêgancangan Madiun prapti | aglis sowan pangeran | ngandika sang bagus | Pangeran Mangkunêgara | amarêngi medhidhik ingong utusi | animbali ing sira ||
2. sira ya têka mêngko pribadi | Mangkudipura nuwun wotsêkar | ngandika pangeran alon | Mangkudipura iku | kaya ngapa wartane yayi | myang ngêndi pêparannya | yayi mas riningsun | Mangkudipura wotsakar[86] | tan kantênan jêng pangeran kang dèn ungsi | mangalèr pêparannya ||
3. nora rusak yayi mas dipangti[87] | kadi botên watawis kawula | wadya kadya kathah kumpul kabèh |[88] sokur sèwu riningsun | nora rusak sun tiwas wuri | bocah ngong akèh tiwas | wong cili kèh lampus | ingkang kanin pan akathah | pangamuke rinira Purwanêgari | gawok sun tanpa rencang ||
4. bature kêdhik sura nglangkungi | wong isun kabèh bubrah tatanya | rinira nêmahi mangke | Purwanêgara lampus | ngong gagêtun eman ngêmasi | ika wong bagus sura | ja dadi atimu | tumungkul Mangkudipura [Mang...]
--- [f. 272r] ---
[...kudipura] | awotsêkar gêgêtun sajroning ati | kang lalis ja rinasan ||
5. mêngko nagrimu Madiun iki | ingsun pundhut iya maring sira | sumăngga karsa nah anggèr | sawuse ingong pundhut | mêngko ingsun gadhuhkên maning | sira kang ngawruhana | gêmah rusakipun | Mangkudipura sandika | aturipun pangeran budhalan aglis | nging sadalu pangeran ||
6. kang nèng Madiun sampun lumaris | daut kabèh dhatêng Ponaraga | sawadyabalane kabèh | pangeran ing Madiun | pan tinilar têngga nêgari | sigêgên kang kocapa | sunan kang lumaku | sing Bancar mondhok Juwara | sampun budhal pasanggrahan Keyong Ngawi | enjinge nulya budhal ||
7. sampun rawuh Talawah sang aji | masanggrahan nulya ana coba | lagya alênggah sang rajèng | wadya Bugis lan Wangsul | pacakara[89] kang dadi margi | padu bara tan bara | kadrawasan campuh | ramya tulung-tinulungan | wontên mati ake[90] tatu kalihnèki | sinapih nora kêna ||
8. katur sunan kagyat sri bupati | nulya tindak saking marmanira | saking sihirèng wadyane | jêng susunan wus rawuh | pondhokira di dalêm Bugis | sri narendra ngandika | wadya [wa...]
--- [f. 272v] ---
[...dya] Bugis jinum | sadaya nukêmi pada | samya nangis ngunjukakên pati urip | ture luwung ngabêna ||
9. akathah-kathah pangandika ji | samya lilih wong Bugis sadaya | gamanmu lêbokna kabèh | mring pondhokmu sadarum | wadya Bali gamane têksih | samya nung-anung tata | norana kang purun | nyêlêki sakèh bupatya | sunan tindak anyalêki[91] wadya Bali | hèh ya kawulaningwang ||
10. Brajayuda kalawan Kapilih | hèh pagene ya dulunên ingwang | rêp mêndhak gumêtêr kabèh | pan gigal waosipun | tanna uning jrih wacana ji | ingawe Brajayuda | Kapilih sadarum | lumayu lawung binuwang | sowan ngarsa sarêng sumungkêm pada ji | samya nangis tur pêjah ||
11. kathah-kathah aturirèng aji | jinum ing sunan pituturan |[92] wus lilih wong Bali kabèh | samya sumungkêm suku | pna[93] ngênting pangandika ji |[94] lah wis ja kapiyarsa | lyan pan mèri sadarum |[95] ganti-ganti tinimbalan | kadya wêrsa tibane pangandika ji | sumrah dhatêng canthuka ||
12. pinituhu kundur sri bupati | mring pakuwon tan dangu antara | Mas Răngga tur uning rajèng | yèn èstu mring Madiun |
--- [f. 273r] ---
Pangran Mangkunêgara uni | Madiun sampun bêdhah | wadya ji wus gêmpur | Jêng Gusti Pangran Dipatya | tan kantênan tiwasnya walulyanèki | di dalêm tan uninga ||
13. panggenane wus kinêpung sami | dèrèng masthi bilih kasisipan | turipun abdi sang rajèng | sarêng mirsa sang prabu | awikara kadi sinêbit | jaja brit ambêranang | langkung dening wiku | anglir mêdala dahana | tingal kocak ujyalanya kadi rawi | salaminya bineka ||
14. dening Pangeran Mangkunêgari | dèrèng kantos mêngkana jêng sunan | mangke kalangkung dukane | dening beka kêlangkung | wus angêntèk tan kêna nganti | dene nora kayaa | dukane sang prabu | kaping kalih kaping tiga | datan nyana ing têmah lamun dhatêngi | ing wêsana mêngkana ||
15. nulya anêmbang têngara latri | gubyar tambur bêndhe bèri ngangkang | suling salomprèt arame | wadya alit gumuruh | nguwuh rewang syaraning jalmi | sunan kaduk ngandika | durung ulap ingsun | mêngko manèh yèn iyaa | dhingin ingsun tanpa batur tanpa batur tan ngudhili |[96] ya Si Mangkunêgara ||
16. ja kawarti sakèh wadya mami | kênèng sêsiku sakêdhap lepyan | baya wus karsa Ywang Manon | wêlane sang aprabu |
--- [f. 273v] ---
wijil sabda sinuwun gampil | wus araling kawula | emut jroning kalbu | kênèng coba ing Pangeran | wus anêmbah sumăngga karsa Ywang Widi | mugi dèn apuraa ||
17. sampun budhal wadya kang pangarsi | laku undur kang ngarsa nèng wuntat | ginêlak wadya lampahe | tan arèrèn sadalu | ngalèr ngetan Garagol[97] prapti | wontên ing ara-ara | ana duta rawuh | tur uning jujug Mas Răngga | sawartane Kangjêng Pangeran Dipati | mangalèr wus pramana ||
18. katur sadaya wartaning têlik | mring Mas Răngga inggal nulya sowan | kapêthuk kèndêl sang rajèng | wadya dhêdhêg sadarum | dipun nyana mungsuh kang prapti | samya prayêtna sura | Ki Mas Răngga matur | sinuwun ămba tur wikan | abdi dalêm sing Madiun wontên prapti | jêng gusti wus pramana ||
19. Pangran Dipatya èstu kalindhih | jêngkarira tan mawi parêpat | kang wadya kuwur tatane | tan uning gustinipun | sowang-sowang pisah lan gusti | kang kantun lalêburan | masthi wartanipun | Purwanêgara palastra | nèng nêgara apisah kalawan gusti | tan mundur pêjah pura ||
142. Durma
1. putra nata ngalèr nora bêkta
--- [f. 274r] ---
bala | tanbuh parannya ngungsi | nging lawan kang garwa | kalawan ponakawan | kang warti maksih ingusir | nagri kancikan | jinarah dèn bayongi ||
2. karsanipun mêngsah dhatêng Ponaraga | punika ingkang warti | di dalêm ing Karja | tumut salampah mêngsah | di dalêm uning pribadi | binêkta lampah | wruh kalanipun jurit ||
3. ingkang saya kagagas dukaning nala | wiku yayah sinipi | nging nora katara | nging ujyala bêranang | sinamur ulat lan liring | mèsêm wacana | kangjêng sri narapati ||
4. ya wis pratela yèn kaya aturira | nakira ki dipati | ngalèr gun watara | angungsi Ngawi ika | sun srahakên ing Ywang Widi | kang dadi manah | anging Purwanêgari ||
5. nora kaya dening ta kapatya-patya | adawa kang winarni | dêduka narendra | nulya wadya pinêpak | bupati lan para mantri | Saragni samya | têngên kalawan kèri ||
6. Namèngyuda Bugis lawan Jagabaya | Brajayuda Kapilih | Pamijèn sadaya | prapta lan Suranata | Martalulut Singanagri | sunan ngandika | sakèhe wadya mami ||
7. apa sira têmên-têmên bêktinira | wani sun du atandhing | lan prajurit wignya | kang ngluwihi sing jalma | tur tate
--- [f. 274v] ---
bêdhah nêgari | Mangkunêgara | sun du tandhing kuwanin ||
8. atur sêmbah abdi dalêm samya riya | punapa dèn kajrihi | yèn wontên pangaja | inggih mêngsah punika | awawrat mêngsah Kumpêni | yèn wontên karsa | nora angrasa ajrih ||
9. wora kisma têkèng akir maksih sura | mring satru jaya aji | yèn timbang wawratnya | amêngsah samya Jawa | lawan boboting Kumpêni | timbang sêkawan | têksih purun nadhahi ||
10. sampun sinuwun jurit kula piyambak | inggih kados nyampuni | wus karsaning Sukma | wawêla sri narendra | jubriya sawadya aji | gêng alit samya | kibir dhatêng pawèstri ||
11. pangucape pragonjakan ngambil toya | kuluk cênèng kinardi | waradin sadaya | kenging siku Pangeran | dhingini larangan Widi | sunan ngandika | pa têmên sira bêkti ||
12. maring isun prajurit para bupatya | miwah sadulur mami | adhimas Bintara | padha sun tari sira | aja na ngrasula sami | ingsun akarsa | belani putra mami ||
13. sadaya matur bêkti sawawi inggal | punapa kang dèn anti | sarupaning wadya | prasamya prajangjeyan | gumuruh samya ajangji | sunan ngandika | bocah budhala aglis ||
14. aja kakehan [ka...]
--- [f. 275r] ---
[...kehan] rêmbug ingsun tan arsa | wus budhal wadya aji | samya gêgancangan | ginêlak ingkang wadya | ingkang kêndho dèn lancangi | arêbat ngarsa | wadya dharat nèng wingking ||
15. sampun lêpas nyabrang bêngawan ing tindak | rêrêb sakidul kali | karsane jêng sunan | karsa anyêrod lampah | wadya rêrêb basa dhidhik | wus ingundhangan | samya kinèn matêngi ||
16. nulya sunan animbali ingkang wadya | sêntana pra bupati | mantri lan lêlurah | angandika susunan | hèh sakèhe mintra mami | sun tari sira | bêcike sun lumiring ||
17. wus sun pupus putra ngong Ki Adipatya | sun srahakên ing Widi | alah jênêng ingwang | dening Kang Murbèng Jagat | baya-baya wus pinasthi | wus bêgjaningwang | takdiring Ywang tan gingsir ||
18. rêmbaga pribadi sapa duwe tisna | kadang ngong myang bupati | mantri lan lêlurah | inggun milu kewala | apa rêmbuge kang bêcik | payo kasmaran | Pangran Bintara bêkti ||
143. Asmaradana
1. dhuh susunan atur mami | langkung sangêt wirang ingwang | Ki Dipati Nèm risake | lamun bangêt winalêsa | ping kalih putra nata | dèrèng kantênan gènipun | kadi punapa polahnya ||
2. yèn tan rinêbat tumuli | manawi dipun upaya | mapan [mapa...]
--- [f. 275v] ---
[...n] asangêt watir ngong | adate Mangkunêgara | sunan nantun Mas Răngga | kaya kapriye pikirmu | Ki Mas Răngga awotsêkar ||
3. nyawawèni karsa aji | mangke kang mêngsah kantênan | ingkang amiwiti awon | suwawi jinujug inggal | yèn ngantosa tan rêmbag | ămba mirsa wartènipun | mêngsah punika abeka ||
4. amêmanas galih aji | pinrih lampah kangelana | botên atanggah karsane | inggih pamirsa kawula | lamun sinuwun tindak | masthi ngoncatan malêbu | dhatêng nêgari ing Pajang ||
5. lamun Paos dèn purugi | ngoncatan mingêr mangetan | lêbur măncanêgarane | karsanya ubêng-ungên[98] |[99] Pangran Bintara ngucap | tanpa wê karêpipun |[100] karêpe Mangkunêgara ||
6. dudu prajurit utami | karsaningong padha pagah[101] | yèn boya kinawusake | ginancangan nyêrod lampah | pinrih kagum kewala | yèn kacandhak ikang tangguh | yèn panggah amasthi tiwas ||
7. lêlampahan kawan latri | dadosa sawêngi dalan | rintên dalu dipun age | yèn mirsa amasthi mendra | tuwas lampah kangelan | yèn inggal mêsthi kapangguh | kasêsa mêsthi anglawan ||
8. alah
--- [f. 276r] ---
iku pikir mami | kaya priye sanak-sanak | kaya mêngkono karsa ngong | punapi sami arêmbag | sadaya atur paksa | inggih lêrês sami rêmbug | lêga-lêgane kang manah ||
9. narungana padha bêcik | sun pêthèk bubrah[102] tatanya | măngsa wandea risake | kari prajurit anyata | kêna sêsikuning Ywang | jubriya wadya sadarum | jêng sunan anukmèng nala ||
10. baya wus karsaning Widi | wawêlane awak ingwang | wadyèngsun aniya kabèh | iku larangan ja kambah | sumangah kibir riya | larangan mungguh Ywang Agung | elinga kawulaning Ywang ||
11. norana kathah akêdhik | datan ana kang kawasa | liyan sangking ing Ywang Manon | padha sira dèn prayitna | wadya kabèh wotsêkar | botên ta pangraos kalbu | tandhing punapa karsanya ||
12. duk dados mêngsah kariyin | botên ping kalih ping tiga | dèrèng kiwul sakawone | tur di dalêm dèrèng kathah | mangke malih ajriha | sinuhun akmèng[103] kalbu |[104] ngraos wêla kang sarira ||
13. wadyèngsun adarmi-darmi | wus bêgjane awak ingwang | nora sun oncati mangke | salawase durung
--- [f. 276v] ---
riya | nanging sun kapakêna | nulya ngandika sang prabu | aja na mendra sadaya ||
14. sun rajongi[105] karsanèki | aja na ngoncati prana | ing têmah ing têmbe-têmbe | samya matur asupata | yèn sêjaa amendra | kênaa supatanipun | ya yèn wus rêmbug sadaya ||
15. mangkene ta daya mami | Răngga lawan Jayèngrana | tindhihana wadyaningong | wong kanan kering sadaya | myang sakèhing bupatya | tanapi ta ariningsun | sawadyanira sadaya ||
16. yèn mungsuh nèng kutha têksih | ngumpula dadi sajuga | mêtua lun-alun mangke | lawang gêdhe adhangana | mungsuh darapon wruha | ing lakumu kabèh iku | nyanaa dadi sajuga ||
17. dening sun mêdal ing wuri | anata bata kang bêngkah | kang sun gawa prajurit ngong | sun kathi[106] aja atêbah | Kapilih Suranata | lawan Pamijèn sadarum | tapi sira dèn apanggah ||
18. gancang nangkêbana kori | pêpatine nora liwat | satus iku dêstun kèhe | yèn marêngi karsaning Ywang | aja uga ariya | wus jamake wong prang pupuh | mênang kalah duwèkira ||
19. sadaya sami ngrêmbagi | prayoga karsaning nata | angandika jêng
--- [f. 277r] ---
sang rajèng | hèh Gêdhong sira mintara | upayanên nak ingwang | ki adipati gustimu | sagonira ulatana ||
20. aja sira jrih ing lalis | yèn tan katêmu nak ingwang | yèn marêngi panggih mangke | sagon[107] ingong anusula | wis poma dèn prayitna | pun Gêdhong wus mintar gupuh | sakănca magang sadaya ||
21. ngandika malih sang aji | Ranawijaya mintara | sun duta nimbali age | Si Tumênggung Alap-alap | sakancane sadaya | poma ge ajakên nusul | aja kari pagaweyan ||
22. Ranawijaya ngabêkti | wus mintar sabaturira | wadya kinèn dangdan kabèh | ing latri arsa atindak | luwaran sri narendra | wus dalu datan winuwus | jêng sunan tan arsa nendra ||
23. kacipta titah Ywang Widi | sarêng bangun atêngara | anulya budhal sang rajèng | agancang ing lampahira | sigêgên kang kocapa | Pangran Mangkunêgarèku | nèng Ponaraga tan lama ||
24. pan sampun amirsa warta |[108] anèng Murong jêng susunan | kidul wadya lok arame | lamun kidul wontên mêngsah | pangeran angandika | bocah apa rame iku | inggih pungkur wontên mêngsah ||
--- [f. 277v] ---
144. Pangkur
1. kadi mêngsah Ponaraga | Surabrata sasanakirèng nguni | pangeran asru amuwus | lah payo pinaranan | sakèh pondhok padha bêsminên sadarum | ja ana kari satunggal | nulya adangdan prasami ||
2. pondhok sampun ingobongan | miwah dalêm agêng wus sirna ênting | pangran mangkat banjêl mungsuh | tan dangu nulya aprang | sampun kalah wong Ponaraga kaburu | ical lumêbèng ing wona | pangeran mundur wus prapti ||
3. Têgalsari masanggrahan | ênêngêna kang winuni sang aji | pan rintên dalu lumaku | prapta pakuwon Karas | ingkang putra Pangran Dipati kapangguh | wadyane pêpak sadaya | Ki Gêdhong ingkang angirid ||
4. amanggung mangu sungkawa | jêng pangeran nyana-nyana ing galih | sarêng rawuh sang aprabu | lir siniram ing toya | baya sampun karsaning Ywang Maha Luhur | marêngi sarêng praptanya | pun Gêdhong sowan sang aji ||
5. sarêng matur yèn kang putra | Kangjêng Gusti Pangran Dipati panggih | pyuh trênyuh galih sang prabu | langkung sokur Pangeran | tinarima yèn ganjaraning Ywang Agung |
--- [f. 278r] ---
katêmu ngêndi nak ingwang | sinuhun kapagih Ngawi ||
6. anèng ngêndi putraningwang | alêlampah nèng wingking kangjêng gusti | inggalêna putraningsun | isun onêng kalintang | sampun kintar Ki Gêdhong pangran wus rawuh | ingawe nukêmi pada | pinêkul dhatêng sang aji ||
7. adhuh kaki putraningwang | nora nyana panggih lawan sirèki | wartane wong akèh kulup | kang putra matur nêmbah | inggih ămba tan prabeda kados prabu | rintên dalu ngraos pêjah | sarêng kapanggih duta ji ||
8. angraos wus panggih nata | mangke srêp lir siniram toya kang wêning |[109] adhuh kaki ja katutur | akèh-akèh nak ingwang | andêdawa agawe rasaning kalbu | wadyanira mêksih pêpak | inggih tansih[110] barkat aji ||
9. kang ingunjukakên tiwas | pun kakang Purwanêgari pêjah jurit |[111] wus amir ja katutur |[112] gawe rasaning driya | pan adangu agupita sang aprabu | wus rèrèna kaki putra | ja têbah kalawan mami ||
10. sun arsa rèrèn sadhela | arsa laju jujug ing Ponaragi | jêng pangeran sampun mundur | nulya jêng sunan karsa | nanting wadya ginawe kasuranipun | pinrih astra ingkang manah | prajurit [pra...]
--- [f. 278v] ---
[...jurit] ngandikan sami ||
11. Kapilih lan Brajayuda | Suranata Saragni lawan Bugis | Pamijèn Jagabayèku | Namèngyuda sadaya | dipun tari hèh sakèhe wadyaningsun | kaprèhe sun tari sira | dhèwèk-dhèwèk turmu mami ||
12. pa sira wani sun du prang | lan prajurat[113] Mangkunêgara luwih | prajurit samya wotsantun | purun yèn lan pangaja | sampun mênggah mêngsah jalmi inggih purun | akathah sanggup prasêtya | ambyur toya manjing gêni ||
13. cabar tiwas tan kantênan | langkung-langkung panjênêngan narpati | pun dasih nging purunipun | sun durung apracaya | supataa prasêca gumrumung |[114] sagolongan dhawak-dhawak | prajangji kèh sanggupnèki ||
14. nging sunan dèrèng pracaya | Suranata kang anyar dipun kardi | ginawe kasuranipun | têdhak wong Kartiyasa | winaringut pinrih sukêmirèng prabu | sunan wignya ngabên jalma | sakêlangkung dèn dukani ||
15. kang manah pinrih suraa | angandika wau sri narapati | uwis ta yèn padha rêmbug | ya luwih sun tarima | bêktinira luwih pracaya jênêng sun | kari siji karsaniwang | pikirên sura pribadi ||
16. padha matura prasêca | ja na matur suwitan wadya mami | kabèh ta padha
--- [f. 279r] ---
gun tantun | iya prakara lampah | mapan sira kang lumaku iya isun | mapan darma atun[115] wuntat | sira kabèh kang ajurit ||
17. kalah atawa mênanga | apa bêcik laku gancang sun iki | apa bêcike rèh ingsun | Wirasastra wotsêkar | andhingini sinuhun sae gal laju | punapa kang ingantosan | benjang aprang make jurit ||
18. kangelanipun wasisan | mapan sami mêngsah kangelannèki | kasèp santosaa prabu | ya bênêr aturira | wong Saragni kanan kering gumarumung | angandika sri nalendra | wong Brajayuda kalih |[116]|
19. wong Pamijèn Bugis sira | apa rêmbug Wirasastra turnèki | saur paksi padha rêmbug | sunan ngantos punapa | lakung suka jêng sunan ngandika arum | iya uwis sun tarima | kang abdi umatur malih ||
20. arèrèh ngantos punapa | abdi dalêm botên ingabên jurit | ya ja ngoncati sadarum | kaki kaji matura | sun wêtara Suranata duwe atur | sun dulu ku durung rêmbag | sira Muhidin Muhyadin ||
21. padha matura sawêkca | sapikirmu ja lan parintah mami | yèn abêcik ingsun turut | ki khaji matur nêmbah | pan kawula [kawu...]
--- [f. 279v] ---
[...la] andhèrèk ing aturipun | Mukhidin Muhyadin ika | umatur saha wotsari ||
22. kawula nuwun jêng sunan | kajawia karsa dalêm pribadi | yèn suwawi lan sang prabu | luwung kèndêl sakêdhap | ngasokakên kapal ngrèrèhkên wadya gung | sapintêna kang anunggang | amlasakên kapalnèki ||
23. angsala nêdha sakêdhap | tinunggangan tan anêdha samargi | kudarsa ginawe pupuh | barangipun kuciwa | lamun tiwas kacandhak binêrêg mungsuh | lamun mênang tan anyandhak | kawatiripun pun dasih ||
24. angandika sri narendra | apa wêdi sara[117] iku ngêndhoni | Mukhidin Muhyadin matur | botên lamun ajriha | marmanipun dasih aji darbe atur | pêjah gêsanga tan ketang | nora sêdya angunduri ||
145. Durma
1. yèn lajênga tatanipun baris ruk |[118] masthi ical kang niti | dadya thèng sinăngga | gaman gêng dados litnya | gaman alit ical margi | ing têmah tiwas | di dalêm ikang wani ||
2. dadya satêngah manahipun kang sura | kang sawênèh tinèki | dadya ical pisan | kathah wadya pawadan | wêkasan samya angari | darma kang sura | wêkasan kantun kêdhi[119] ||
--- [f. 280r] ---
3. abdi dalêm kang sura kantun piyambak | ayun mundura ajrih | dadya kêdhik kang prang | ing wêkasan atiwas | mêngsah non agêng kang galih | sura sadaya | punapa ingkang warni ||
4. warti babadipun dipati ing Jipang | mila tiwas ing jurit | kabranang ing nala | sarêng tiwas wadyanya | norana ingkang nglabuhi | angsal dêduka | Ki Muhidin Muhyadin ||
5. mila sinêrêng duka ginasah-gasah | surane ja niwasi | abdi dalêm Manyar | angêndhoni turira | dèrèng kantênan karyèki | wani mêngkana | angandika sang aji ||
6. iku priye ana bocah ture malang | Mukhidin dèn padoni | tanggung pikirira | ingong kabèh tan rêmbag | tindak dalêm nora asil | nyêrod wus cêlak | pakênira ngêndhoni ||
7. lamun lèrèh mêsthi kang mêngsah uninga | awêkasan ngoncati | gawe gêla manah | yèn kaya pikirira | angur si dipun aririh | nora kangelan | darapon mêngsah têbih ||
8. anauri pakênira tanggung mêngsah | derang[120] mirsa kang warti | yèn tangguh manira | sarêng tikdak[121] narendra | kang mêngsah sampun udani | wong mêmungsuhan | masthi agawe malim ||
9. ewa sapunika andhèrèk kewala | rêmbaging kănca mami | miwah karsa nata | dasih
--- [f. 280v] ---
darma lumampah | sampun siyang nadyan latri | dhatêng sumăngga | pakaryane sang aji ||
10. sangêt duka lah uwis pa mêtua |[122] adangdana tumuli | sun pilih kang kathah | rêmbuge wadyaningwang | dening wadya ingkang wêdi | padha karia | sun gawa ingkang wani ||
11. samya nêmbah prajurit mêdal sadaya | nulya timbalan mijil | dhawuhkên dêduka | di dalêm Suranata | lawan wadya Saragêni | kang dhinawuhan | hèh timbalaning aji ||
12. Khaji Muhidin Muhyadin sakancanira |[123] timbalan kanèn[124] kari | arèrèh kapenak | nging binêkta kang sura | lan malih sakăncanèki | kinèn mêtua | atungguka ing jawi ||
13. wong Saragni tungguka cêlak susunan | lirua sapangigil | sakèh Suranata | dadia wadya jaba | Saragni tunggal Kapilih | sunan tan arsa | pakaryanira sami ||
14. Ki Muhkhidin Muhyadin inggih sandika | katura sêmbah bêkti | kawula mring nata | mêdal inggih sandika | dening kula kinèn kari | nuwun dêduka | ngunjukên pati urip ||
15. luwung kula pêjaha ing adilaga | nglampahi karya aji | dhasar kula têmah | katur pêjah kawula |
--- [f. 281r] ---
anglampahi karya aji | lamun karia | tan sae mulat jalmi ||
16. langkung wirang ningali jalma akathah | suka kawula mati | yèn tan katarima | luwung kapêjahana | pribadi dhatêng sang aji | urip dêdawa | wirang ginujêng jalmi ||
17. sampun katur katarima aturira | adan sri narapati | kèn nêmbang têngara | sunan arsa budhalan | Suranata ngigit-igit | sangêt jrih wirang | dinukan ing narpati ||
18. yèn tan jamak-jamak aluwung matia | têngara budhal baris | wadya Suranata | lakune anèng ngarsa | pangrêmbe ingkang nindhihi | wong Suranata | lakune tan baribin ||
19. tambur tan tinêmbang kuda nora munya | tanna syaraning jalmi | norana rêrasan | mungsuh aja miyarsa | andhap Asar budhalnèki | lajêng lampahnya | sampun kasaput wêngi ||
20. nora kèndêl lampahira sri narendra | lampahing jalma ririh | anglangkungi wona | pêtêngira kalintang | sunan anêrêg wadya lit | age panggiha | sigêgên kang winarni ||
21. Pangran Mangkunêgara lagya pêpêkan | sampun amirsa warti | nèng Madiun sunan | ature têlikira | arsa agitik ing wêngi |
--- [f. 281v] ---
pangran sêmana | rêrêmbagan kang dasih ||
22. karsane pangran ngoncati mapan ngrasa | tan kêlar anadhahi | priye rêmbug kănca | pilihên kang prayoga | ora kalawan narungi | matur sadaya | mantri jro Mijèn sami ||
23. yèn sêmbada suwawi gusti ngoncatan | tan nyăngga yèn nadhahi | Danawarsa ngucap | inggih lêrês aturnya | bêng-ubêngan yèn suwawi | lamun mêngkana | èstri ilokna dhingin ||
24. alah mara pawèstri padha dhingina | mangidul kang abêcik | anjogna Pacitan | anuli mangulona | lanangan karia sami | sang roning kamal | sampun lumampah dhingin ||
146. Sinom
1. sabêcike mungguh nglampah | yèn kêlar padha nadhahi | saupami nora kêlar | tinilar wus rêmbug sami | sigêg datan kawarni | kocapa kangjêng sinuhun | sarêng bangun ararywan | ing ara-ara Sêmampir | cêlak Ponaraga arsa nata bala ||
2. ngèbêki ing ara-ara | sunan nimbali prajurit | Saragêni Bugis lawan | Brajayuda lan Kapilih | wong Jagabaya prapti | Namèngyuda rowangipun | Pamijèn Suranata | Kapilih
--- [f. 282r] ---
dipun timbali | pinaringan bukti kinèn asupata ||
3. ja cidra tilar ing kănca | prajanngji lan kăncanèki | wong Pamijèn asupata | prajangji la[125] kăncanèki | wong Saragni gumanti | supata lan kancanipun | Bugis lan Jagabaya | supata aganti-ganti | Namèngyuda kalawan Singanêgara ||
4. Martalulut asupata | wus samya padha prajangji | katarima aturira | dèn eling ja na nyidrani | tur sêtya suka aji | wong Suranata kang kantun | sowan ngarsa jêng sunan | sun tan arsa sira sami | ajangjia lawan kancanira dhawak ||
5. kabèh ja na ngarsaningwang | sadaya mundur prajangji | sakancanira sadaya | supata pan sampun ênting | jangji salarapati | sarênga kangjêng sinuhun | kathah-kathah prasêca | anulya sami miranti | sarêng êbyar ingatag bul sadaya |[126]|
6. punang mêngsah kang winarna | wus mirsa rawuh sang aji | pawèstrèn pan sampun budhal | pan kadya rêmbage wingi | pangran wus budhal aglis | prapta kitha sang aprabu | kapanggih sêpi mêngsah | tilase pan sampun lami | dyan kawarta nèng Têgalsari larugnya ||
7. karsa dalêm
--- [f. 282v] ---
tinututan | lajêng ngidul sri bupati | nulya angilèn susunan | Kajêng Pangeran Ngabèi | kidul kinèn jagani | Suranata rewangipun | mênawa mungsuh cidra | sunan ngulon galong pipis | repot mêngsah sadaya lampahe gancang ||
8. sunan wus nyabrang bêngawan | kang kidul kabêtah kali | lèpèn banjir gêng kalintang | susunan nata kang baris | nèng sawah dangu nganti | wong Suranata sadarum | atanapi kang putra | wau Pangeran Ngabèi | bola-bali saking jrih arsa gêbyura ||
9. anulya kang gandhèk prapta | sadaya dipun timbali | nyabrang samya sêsandêran | prapta tinimbalan ngarsi | ki khaji lan Muhkhidin | Muhyadin lêlurahipun | numbak tumut sadaya | Ki Marjan lawan Ki Brahim | angandika sunan bocah Suranata ||
10. ingsun adu prang jaranan | pa sira padha kadugi | dadia sêsabêt yuda | matur nêmbah Ki Muhyidin | punapa karsa aji | sandika wadya sadarum | wus karsaning Pangeran | Ki Muhkhidin anambungi | nêmbah matur kados sunan aliyan |[127]|
11. angandika èsmu duka | yèn mêngkono ananggungi |
--- [f. 283r] ---
padha dharata sadaya | ja dadi ampungan jalmi | matur sandika sami | wus balia panggenamu | nulya undhang sadaya | ngandikakkên dharat sami | sarupane aja na wong nunggang jaran ||
12. jangji dalêm sinudukan | sandika ature sami | kinèn nunggang sarêng makat | yèn cêlak kinèn buwangi | dyan mêngsah macalangi | cungkelak gancang awangsul | matur dhatêng pangeran | yèn sunan nusul nèng wingking | anèng sawah aglar langgung[128] gêng barisnya ||
13. Pangeran Mangkunêgara | kagegeran ingkang baris | sinuwun ingkang winarna | têngara majêng kang baris | wus tata wadya aji | mangkara byuha puniku | jêng sunan anèng têngah | mangku prajurit jro sami | lampah jajar Suranata anèng ngarsa ||
14. Kapilih mayungi wuntat | jajar laku têpung sikil | anèng kanan kèrinira | Pamijèn inggih mayungi | Suranata tan têbih | wong Brajayuda puniku | sami angering nganan | kang anèng ngarsa sang aji | Namèngyuda kalan Sinêgara |[129]|
15. Martalulut Jagabaya | putra kalih anèng ngarsi | Pangran Dipati nèng kanan | ing kering Pangran Ngabèi | nuntên kangjêng sang aji | ing wingking kang para arum | sakathahing [saka...]
--- [f. 283v] ---
[...thahing] wanodya | garwa ji semah bupati | myang sêntana rabining mantri lêlurah ||
16. semahing kang para wadya | dening kang para bupati | kang dadi pangawat kanan | lampahipun rada têbih | dening ingkang nindhihi | Pangran Pakuningrat iku | kalawan Ki Mas Răngga | wong kanan kang dèn tindhihi | Saragêni kang nindhihi Wirasastra ||
17. kumpul sakănca sadaya | Ki Jawana wadya Bugis | kumpul sadaya kancanya | Ki Wiradigda anunggil | Suryanêgara nunggil | pangawat kanan winuwus | têtindhihe sêntana | Pangran Bintara lan rayi | ingkang aran Pangeran Mangkukusuma ||
18. Bupati Dyan Jayèngrana | nindhihi wadya Saragni | prajurit kiwa sadaya | Wiradika wong Saragni | Ki Samangun wong Bugis | lan Măndaraka Tumênggung | agalong lampahira | Pangeran Mangkunêgari | pan kapêngkok sru angling anata bala ||
19. dhuh kapriye rêmbug kănca | aprakara polah iki | krasa lêpat payo nekad | payo kabèh derah mati | padha sêm ja na nolih | anging dêlêngên wak ingsun | ngong gawe gagêlaran | dak ènthèngakên Kumpêni | abot mungsuh kiyai sinăngga dhadha ||
--- [f. 284r] ---
20. lamun nora ingakalan | supaya olèha margi | Saragni kabèh ngalora | sarupane aja kari | yèn kowe kalah jurit | ja nêrajang êgon ingsun | ngungsia kang prayoga | ya sakarêpmu pribadi | aja ngungsi mring sun nanging ta golonga ||
21. sabaturmu ja na pisah | man Janingrat Danawarsi | kumpula dadi satugal | mangidula yèn kajodhi | ja na narajang mami | malayua sakarêpmu | wis ngidula ngong pêtan | bocah jro kang ingsun kanthi | sampun rêmbag miranti kang gagêlaran ||
22. sampun miranti atata | yèn pêranga dhadha kadi | kaya ta nora anăngga | wus wêwêlane sang aji | karsane Ywang Kang Luwih | di dalêm samya takabur | kang nata titi bubar | kalimput sampun dèn gèni | dening mêngsah manahipun mundur mara ||
147. Durma
1. wus katingal karone wangwang-winangwang | mêngsah ulap ningali | lumayya agancang | saparo gawe gêlar | payo kinèn andharati | di dalêm samya | mirsa non mungsuh iki ||
2. yèn lumayya dyan di dalêm tata bubrah | kapale
--- [f. 284v] ---
dèn buwangi | kabèh sami dharat | nging gèn mêngsah kang têbah | mêngsah sarêng aningali | di dalêm dharat | mêngsah lêga kang ati ||
3. pan wangsul sadaya ciptanirèng manah | kalaha ngong tan mati | yèn binuru dharat | nora nyandhak maringwang | nora sêdya anangguhi | manah satêngah | aprang lèrès karsèki ||
4. kapal binuwang samya tumut lumayya | arusuh wor lan jalmi | eroh wong sadaya | nanging nora katingal | kawuwuhan kapal èstri | kang samya tiba | lumajêng wor lan jalmi ||
5. galong ngetan sampun karsaning Ywang Sukma | kagêg[130] kalingan kali | banjir jro kalintang | èwêd norana marga | ingkang sura samya nangis | Mangkunêgaran | angling wong padha wani ||
6. tur sami ngisin-isin gawe gêlaran | alok ajêrit-jêrit | ya iku Pangeran | Mangkunêgara wetan | golongan dadi satugil | sinamur surak | wong mêngsah padha angling ||
7. lah majua Kapilih lan Suranata | miwah jalma Pamiji | lawan Brajayuda | payo tandhing kasuran | tangkêpa sakêthi sisih | barênga mara | lah kene ngong tadhahi [tadhah...]
--- [f. 285r] ---
[...i] ||
8. ya pagene sira nora nana nyabrang | sira tan idhêp ngisin | loke nora jamak | dene ku kaya jalma | nora si ta angluwihi | mara majua | pa nganti sun sabrangi ||
9. lir sinêbit talinganira sadaya | tan emut ing piranti | panase kang manah | samya agêbyur toya | Pamijèn lawan Kapilih | wong Suranata | kang numbak gêbyur warih ||
10. ingampahan ing Ki Muhyadin tan kêna | mêksa samya anglangi | padha ramon watang | wus prapta sabrang wetan | Suranata ingkang bêdhil | arsa gêbyura | Ki Muhyadin ngalangi ||
11. aja gêbyur dadi apa obatira | măngsa bisaa muni | angur atataa | jaga kănca kang nyabrang | ajèjèr ana ing pinggir | wadya kang nyabrang | tan wangwang nêmpuh wani ||
12. agargut barêng mara panêmpuhira | dyan ginarudug bêdhil | watêng[131] anub lawan | abdi dalêm tan kewran | angrok-sinrok silih ukih | prang ingoncatan | binibingung turanggi ||
13. wong Kapilih ingkang anyêpêng gandera | lawan Ki Wangsèngsari | nyandêr anèng ngarsa | mêngsah sampun lumaywa | kang
--- [f. 285v] ---
wingking tinumbak mati | nolèh sadaya | kang buru kantun kêdhik ||
14. kinarubut angamuk Ki Wangsèngsêkar | winatang amalêsi | mêngsah kathah pêjah | kang atatu akathah | sayah Wangsèngsari lalis | kathahên lawan | Ki Gandera ngêmasi ||
15. abdi dalêm anusul ngamuk sadaya | caruk watang mangrêris | mungsuh wus lumaywa | binêrêg kathah pêjah | binujung lakung atêbih | kang bêrêg nulak | mêngsah nandêr tut wingking ||
16. Brajayuda dèrèng nyabrang wus ingatag | dènira Ki Muhyadin | ika tulungana | kănca sami tulung prang | Brajayuda gêbyur sami | anêmpuh lawan | mêngsah lumayu malih ||
17. katêbihên kang buru samya anulak | mêngsah tut wingking malih | Suranata wikan | ingawe prayi kănca | sampun prapta pigir kali | mungsuh agalak | ginarudug ing bêdhil ||
18. wontên pêjah ingkang atatu akathah | lumayu binalêdig | kang buru tan nyandhak | dharat amusuh kapal | Pangran Bintara winarni | lan Jayèngrana | sakancanipun sami ||
19. yun-ayunan kalawan Ki Janapura | dan campuh punang jurit | rame long-linongan | binuru wong Mêtaram | wus awor lan Saragêni | Pangran Bintara | wus awor [a...]
--- [f. 286r] ---
[...wor] lan Kapilih ||
20. Jayèngrana akumpul wadya sadaya | kang aprang campuh malih | rame long-linongan | kocap pangawat kanan | Pangran Pakuningrat tuwin | sira Mas Răngga | lawan Suryanêgari ||
21. sarêng mêngsah sakancanira sadaya | mêngsahira nadhahi | wau Danawarsa | kalawan Ki Janingrat | angrok-sinrok silih ukih | dharat lan kapal | karone akèh mati ||
22. wus kaburu Danawarsa lan Janingrat | binêrêg ngoyok wani | pangeran tumingal | dhêlik sawetan desa | anon wadya dèn balêdig | asru ngandika | mantri jro dipun tari ||
23. bocah Miji kaya priye rêmbagira | Danawarsa kalindhih | lawan Jayaningrat | gusti sumăngga karsa | iya ngong kalangkung isin | yèn kabandhanga | wong wadon-wadon sami ||
24. ngong palaur mati mêngko karêp ingwang | payo sêm ja ngrasa jrih | sadaya anêmbah | gusti andhèrèk karsa | nulya tulung ngêtab wajik | nandêr pangeran | mantri jro kang angiring ||
25. lan wong kawan dasa Pamijèn nèng ngarsa | Danawarsa ningali | lawan Jayaningrat | wangsul nolèh sadaya | pangran sing ngiringan gitik | Ki Danawarsa | sing
--- [f. 286v] ---
ngajêng angêbyuki ||
26. parêng anub Mas Răngga tanggah tan kewran | gumrêdêg punang bêdhil | nulya amor aprang | padha suraning yuda | kadi gunturing jaladri | patêmpuhing prang | amor surak nyarêngi ||
27. gong maguru găngsa mor panjrit turăngga | ganti tumbah[132] klan[133] kêris | mungsuh jêjaranan | ingkang dharat atadhah | kang ambandhang kapalnèki | nunjang dèn watang | niba cul kang turanggi ||
28. piningkalih kang tinumbak sampun pêjah | rencang tulung nglarihi | kadharadhag tiba | anulya narik karga[134] | nurut watang ganti kêris | barêng palastra | tan anolèh ing wuri ||
1 | Tulisan Jawa kurang tepat: pasangan ha dobel. (kembali) |
2 | Ingoyok (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: nata sampun anyabrang. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: inggih ingkang prayogi. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a : bilih mênawi etang. (kembali) |
6 | nyabrang (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | Sumêngka. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: pisah sdaya bingung tan uning margi. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: dipun nyana rencangira. (kembali) |
10 | madya. (kembali) |
11 | Lebih dua suku kata: sangking ing pamondhokane. (kembali) |
12 | besuk. (kembali) |
13 | Bintara (dan di tempat lain). (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: purun sinêtyan sang rajèng. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: yèn wis padha babêcikan. (kembali) |
16 | Dhangdhangwacana (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | pukul. (kembali) |
18 | Kurang dua suku kata: tuwan dêlèr tan lumaku. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
20 | Biasanya guru lagu a: prapta. (kembali) |
21 | sinirnakakên. (kembali) |
22 | Kurang satu suku kata: sinirnakakên dhingin. (kembali) |
23 | Majan. (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: kang abaris Pamajan dipun dalani. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: sampun tata andhêndhêng kang baris. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: dan acampuh Saragni pangarsa. (kembali) |
28 | Sokawati. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: sigêgên winuni kangjêng sunan. (kembali) |
30 | Tanggal: Êdal (Dal): nawa sapta obah jagat (AJ 1679). Tahun AJ 1679 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Oktober 1753 sampai dengan 17 Oktober 1754. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: kirang dhahar kalawan anendra. (kembali) |
32 | gêdhe. (kembali) |
33 | amyarsa. (kembali) |
34 | kapungkur. (kembali) |
35 | Sarip Bêsar, Sarif adalah seorang dari Turki (Ricklefs 2018, hlm. 360-7). (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata : Wiryanggala matur saha wotsari. (kembali) |
37 | jrih. (kembali) |
38 | Wirasari. (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata: raos kula tuwan kadi tan kêni. (kembali) |
40 | bêncinipun. (kembali) |
41 | ta. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: Mas Răngga atur uninga. (kembali) |
43 | prabu. (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata: pun gupênur sangking kidul. (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: jêng susunan angandika. (kembali) |
46 | panganjuring. (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata: Ngran Mangkunêgara tindak pribadi. (kembali) |
48 | tinanglêtan. (kembali) |
49 | colong. (kembali) |
50 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu. (kembali) |
51 | rêbat. (kembali) |
52 | Kurang dua suku kata: lamun mêngsah dhatêng nulya tur uning. (kembali) |
53 | Lebih satu suku kata: eca sare tan angati-ati. (kembali) |
54 | Biasanya guru lagu o: mangko. (kembali) |
55 | ginadhuhan. (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata: andawa lêlakon. (kembali) |
57 | pagêr. (kembali) |
58 | ringgit. (kembali) |
59 | bêdhil. (kembali) |
60 | Lebih dua suku kata: lamun nyata ingong sangêt kuwatir. (kembali) |
61 | Kurang satu suku kata: lah payo padha anyabrang. (kembali) |
62 | turăngga. (kembali) |
63 | Kurang dua suku kata: sampun prapta ngalun-alun sira glis. (kembali) |
64 | nungkêmi (dan di tempat lain). (kembali) |
65 | sun (dan di tempat lain). (kembali) |
66 | lampus. (kembali) |
67 | pipit. (kembali) |
68 | anglir. (kembali) |
69 | kori. (kembali) |
70 | kori. (kembali) |
71 | dinêdêl. (kembali) |
72 | kori. (kembali) |
73 | Kurang satu suku kata: rêbat dhingin tan nyana korine mênga. (kembali) |
74 | wiwrin. (kembali) |
75 | Kurang satu suku kata: nora nana dèn tolih. (kembali) |
76 | tinutupan. (kembali) |
77 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: kori wus tinutupan. (kembali) |
78 | malorod. (kembali) |
79 | jro. (kembali) |
80 | korine. (kembali) |
81 | Kurang satu suku kata: katadhahan wau. (kembali) |
82 | anjog. (kembali) |
83 | rahmating. (kembali) |
84 | andhepok-dhepok. (kembali) |
85 | mlas. (kembali) |
86 | wotsêkar. (kembali) |
87 | dipati (dan di tempat lain). (kembali) |
88 | Lebih dua suku kata: wadya kathah kumpul kabèh. (kembali) |
89 | păncakara. (kembali) |
90 | akèh. (kembali) |
91 | anyêlêki. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: jinum ing sunan pinituturan. (kembali) |
93 | pan. (kembali) |
94 | Kurang satu suku kata: pan angênting pangandika ji. (kembali) |
95 | Lebih satu suku kata: lyan mèri sadarum. (kembali) |
96 | Lebih empat suku kata: dhingin ingsun tanpa batur tan ngudhili. (kembali) |
97 | Garogol (dan di tempat lain). (kembali) |
98 | ubêng-ubêngan. (kembali) |
99 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: karsanya ubêng-ubêngan. (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata: tanpa wêkas karêpipun. (kembali) |
101 | panggah. (kembali) |
102 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan suku. (kembali) |
103 | anukmèng. (kembali) |
104 | Kurang satu suku kata: sinuhun anukmèng kalbu. (kembali) |
105 | rojongi. (kembali) |
106 | kanthi. (kembali) |
107 | sanggon (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
108 | Biasanya guru lagu i: warti. (kembali) |
109 | Lebih satu suku kata: mangke srêp lir siniram toya wêning. (kembali) |
110 | taksih. (kembali) |
111 | Lebih satu suku kata: kakang Purwanêgari pêjah jurit. (kembali) |
112 | Kurang satu suku kata: wus amirsa ja katutur. (kembali) |
113 | prajurit. (kembali) |
114 | Kurang dua suku kata: supataa prasêcaa gumarumung. (kembali) |
115 | atut. (kembali) |
116 | Kurang satu suku kata: wong Brajayuda kêkalih. (kembali) |
117 | sira. (kembali) |
118 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: yèn lajênga tatanipun baris rusak. (kembali) |
119 | kêdhik. (kembali) |
120 | dèrèng. (kembali) |
121 | tindak. (kembali) |
122 | Kurang satu suku kata: sangêt duka lah uwis padha mêtua. (kembali) |
123 | Lebih satu suku kata: Khaji Muhidin Muhyadin sakancanya. (kembali) |
124 | kinèn. (kembali) |
125 | lan. (kembali) |
126 | Kurang satu suku kata: sarêng êbyar ingatag budhal sadaya. (kembali) |
127 | Kurang satu suku kata: nêmbah matur kados sunan akaliyan. (kembali) |
128 | langkung. (kembali) |
129 | Kurang dua suku kata: Namèngyuda kalawan Singanêgara. (kembali) |
130 | kanggêg. (kembali) |
131 | watang. (kembali) |
132 | tumbak. (kembali) |
133 | lan. (kembali) |
134 | katga. (kembali) |