Babad Sultanan, British Library (Add MS 12288), 1809–16, #1017 (Pupuh 148–165)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 286v lanjutan] ---
148. Pangkur
1. rinajahakên ing kuda | wong Saragni bêdhile kang wus muni | Bugis gila manahipun | kalulun wus lumaywa | abdi dalêm Bugis magang siji ngamuk | ingkang parêk dipun watang | mêngsah niba nuli mati ||
2. kancane tulung sêkawan | tinadhahan kang sawiji wus mati | kantun katri sarêng tulung | kinarubut tinumbak | Bugis tatu anurut kang punang lawung | rinangsang mundhun sing kuda | abarêng marjaya sami ||
3. wong pangeranan kabranan | sampun mati rencang tulung ngêbyuki | wadya Bugis kinarubut | tatunipun akathah | niba galêng mungsuh
--- [f. 287r] ---
arsa nigas mudhun | wong Bugis tangi marjaya | wong pangeranan ngêmasi ||
4. wadya Bugis ngambên brana | sampun liwung mêngsah cêlak tan wani | dèn liwati kang angamuk | Pangran Mangkunêgara | asru ngucap ja kèh karawati iku | têmpuhên gone Si Răngga | payo sêm ja nolèh wuri ||
5. ingkang katarajang bubar | tan apulih larut anyabrang sami | wong kasunanan kaliput | kang bêdhil kang anumbak | Wirasastra mor Mas Răngga ingkang kantun | lan rencange Ki Mas Răngga | sakarine ingkang mati ||
6. kantun kêdhik ingkang tisna | Radèn Suryanêgara kantun pribadi |[1] Pangran Pakuningrat kantun | nanging badan sapata | kinarubut kapale Mas Răngga tatu | ingkang awasta pun Naga | mundur angungsi sang aji ||
7. mêngsah angusir sadaya | baya-baya wus karsaning Ywang Widi | panjang lakon wêla prabu | ratu bakal akathah | bekanipun sihing Ywang Kang Maha Luhur | pratăndha coba kèh prapta | rinêksa takaburnèki ||
8. kêdhik kang ngadhêp susunan | Jagabaya Namèngyuda kang kari | Singanêgara lumayu | lèr kali ingkang aprang | wong Kapilih Brajayuda Mijèn iku | tanapi [tana...]
--- [f. 287v] ---
[...pi] wong Suranata | aganti bêdhil-binêdhil ||
9. mêngsah amburu Mas Răngga | samya golong dhatêng sri narapati | Namèngyuda kang angadu | lawan wong Jabaya |[2] Pangran Natakusuma langkung apangguh | mêngsah nêmpuh katadhahan | anyêrod-nyêrod tan olih ||
10. anulya mêngsah angêpang | kidul alor[3] wetan samya bedhili | tan obah dipun garumung | kidul wadya Mataram | Jagabaya kang nadhahi wetan kidul | Danawarsa kang atadhah | Namèngyuda kang nindhihi ||
11. Pangeran Natakusuma | tan kagetan riniwuk ing ajurit | kang nêmpuh ngajêngan prabu | Pangran Mangkunêgara | anèng wetan prajurit wong kawan puluh | mantri jro anèng ing wetan | pangran nindhihi ing wuri ||
12. kesisan kangjêng susunan | nging[4] wong Ngampil kang nanggalangi ngarsi | wong Gandhèk wontên ing ngayun | atapinarêbutan | Răngga Suryanêgara Wirasastrèku | lan gamêl Adimênggala | lawan magang Răngga baki ||
13. kalawan Sêcanêgara | sanak putu samya nunggil sang aji | pangran ngajokkên wadyèku | angarutug sênjata | pastul panah tibanipun anglir jawuh | nora angarah kang ngilyan | muhung [mu...]
--- [f. 288r] ---
[...hung] kangjêng sri bupati ||
14. lir awun-awun warastra | tibèng ngarsa ngiringan kang jêmparing | kèh kasanglat mêngsah wau | bêdhil tiba sing kuda | kajêng sunan mangsah ngorak-arik ngamuk | anumbaki punang mêngsah | sunan ngamuk tan gumingsir ||
15. parêng kalawan kang wadya | sing kaparag mêngsah pan sirna rujit | kang kandêl tinêmpuh mawur | pangran ngadyakkên bala | ngêpung parêng pulih wingking para arum | ginarumung saking wetan | mirut ngidul dèn bêdhili ||
16. sinandêr dening jêng sunan | inggih saking kidul dipun bêdhili | mirut ngalèr nyandêr prabu | mêngsah angering nganan | ambêdhili dadya padha para arum | ringêng sinuwun ing nala | mêngsah wetan jêjêl wan |[5]|
17. anub lir ombak hèrnawa | angèbêki tandang magut wadya ji | campuh sasat gunung rubuh | tangkêping prawira prang | mapan padha gêbang-ginêbang duk-dinuk | ginarudug ing sênjata | ngampil Supadriya kanin ||
18. Ki Japan kapale pêjah | Ki Mas Răngga kinrubut dèn kathahi | anyêrod rujit kang musuh | mundur kathahên lawan | ngungsi sunan abdi dalêm wus kalimput | sigra mêngsah jêng susunan | andêdêl saya
--- [f. 288v] ---
nêngahi ||
19. ginarumung nora obah | kang katrajang mundur maju kang kèri | kanan nulya gandhèk ngutus | nimbali Suranata | Ki Muhkhidin Muhyadin kaji wus wangsul | sarêng liwat ingkang desa | mêngsah glar ngêpang sang aji ||
20. nulya gancang Suranata | samya lumayya ngamuk nêmpuh wani | bêdhilipun gumarudug | singa kaparag bubar | kadya banthèng kalêlaton polahipun | mantri jro malês nyênjata | langkung rame dhangdhang muni ||
149. Dhandhanggula
1. ngamuk Suranata ngrêbat margi | mantri jro ngisis ingkang lèr wetan | angumpul lawan kancane | gènipun wus karêbut | de Ki Khaji Khidin Muhyadin | lajêng prang ngamuk ngarsan- | ira sang aprabu | kangjêng sunan angandika | mara bocah Suranata ja gumingsir | ja mundur dèn apanggah ||
2. padha dèn nêdya dadi prayayi | sarêng nêmpuh katadhahan ramya | ana kang putung watange | parêng bêdhil gumrudug | kang sinapan mungsuh karêbin | kulewang mungsuh pêdhang | dhuwung samya dhuwung | parêng caruk kantun panah | paswul[6] barêng ganti alok ganti kanin | tan angucap mundura ||
3. wong Kamangkunêgaran pan angling | dhêmên ingsun mungsuh Suranata | ngrampog banthèng bongos [bongo...]
--- [f. 289r] ---
[...s] ingong | ya mara dèn apangguh | ja ngoncati padha prajurit | hir muni katadhahan | Suranata liwung | angamuk tan etang pêjah | samya jêjêl Mangkunêgaran ngunduri | atêbih sing ngajêngan ||
4. samya ngucap wong Mangkunêgari | dèn abêcik hèh wong Suranata | iya tadhaha ing kene | iya yèn tan komêt dhasmu |[7] tan sun tinggal dhêmênku iki | amungsuh lan wong dharat | santri ngamuk punggung | Suranata ngucap mara | padha kuwêl ganti kêris ja ngoncati | mungsuh santri kaparat ||
5. Suranata ngling angisin-isin | nguman-uman uman bramêtya sadaya |[8] pangran ngadyakkên balane | nyandêr parêng padha nub | campuh aprang sêsêk nusuni | kèh wong Mangkunêgaran | bêdhile gumrudug | pêtêng kukusing sundawa | ginarumung wong Suranata dèn bêcik | tan wande sira gêmpang ||
6. lumayua nungkula sira jrih | samya ngucap mara ambêdhila | dèn awas parak ing kene | anulya kinarutug | Suranata mapan malêsi | aramya dènira prang | padha suranipun | pêtêng kukusing sundawa | pêrang amor punang mimis lir garimis | Gandera Suranata ||
7. wasta Sokapura sampun mati | linangkungan [linang...]
--- [f. 289v] ---
[...kungan] nora tiningalan | maksa andharusul bae | gèndèng mêngsah wus mundur | Suranata buru atêbih | sami pangarahira | norarsa amburu | dyan mêngsah lor wetan mara | nêmpuh malih nglêrêsi khaji nadhahi | sakănca tan mundura ||
8. langkung rame dènira ajurit | sami sura parêng bêdhil gumrah | karbin lan sinapan rame | pastul pan samya pêstul[9] | mêngsah ngrubut khaji tan osik | Ki Muhkidin tinrajang | têngah ênggènipun | ramya bêdhile gumêrah | pêrang amor Ki Muhkidin bêdhilnèki | tugêl mêksih apanggah ||
9. nora sêja mundur ngamuk wani | karo pêdhang anglès punang mêngsah | prang lèrès bêbingung bae | Ki Muhkidin andulu | kakangira sayah dèn byuki | kancane mung limalas | mung sasanakipun | payo tulung ingkang sayah | lagya ngadêg dèn bêdhil nora udani | Muhyadin angujengkang ||
10. mèh tiba siti dèn nyana kêni | mêngsah surak samya alok kêna | nyandêr ngunus kalewange | Muhyadin narik dhuwung | sarowange mêngsah ngunduri | binibingung kewala | mêngsah samya muwus | dèn apanggah alah mara | mantri jêro sirèku padha wong bêcik |
--- [f. 290r] ---
mungsuh wong ngalan-alan ||
11. duk mirsa Jayaprameya runtik | wus pinasthi maju sinênjata | dening Wêlănda ta mangke | kêni ngurêbi kêpuh | kancanira samya ngalingi | samya apulih lawan | Muhyadin kinrubut | dèrèng untung nora pêjah | pitulung Ywang Pangran Natakusuma glis | tulung lan Jagabaya ||
12. pangran nêmpuh mungsuh anadhahi | ginarumung pangran nora obah | anglangkungi kasurane | angukih dènnya tulung | mêngsah wiwrin mundur aririh | dhêdhêp ayun-ayunan | kang kidul apangguh | kalawan Ki Wirasastra | mung wong lima mêngsah datan wani ngukih | ingamuk nora tadhah ||
13. samya ngawêt ngêpang dèn tadhahi | ing wadya ji kocap kang prang wetan | Kapilih Brajayudane | Mijèn Suranatèku | sapratigan dhèrèk sang aji | langkung rame prangira | aburu-binuru | baya wus karning[10] Ywang Sukma | Pangran Bintara dhadhal ngungsi sang aji | lan Radèn Jayèngrana ||
14. Măndaraka prasamya kalindhih | mêngsah ngangsêg agêng manahira | de Kapilih sarowange | Mijèn Brajayudèku | Suranata kang sura kari | mundur nunggil susunan | jinêjêl kabutuh |
--- [f. 290v] ---
ing toya samya amapan | mêngsah anub Saragni jêm cêmêng abrit | gumrudug salobogan ||
150. Slobog[11]
1. di dalêm nèng pinggir kali | sakancanira sadaya | pan ginawe lesan bae | ingkang atatu akathah | tanapi ingkang pêjah | mêngsah prapta samya ngrubut | wong polèng sabugisira ||
2. anunjêl campuh kang jurit | abdi dalêm mêksih panggah | kantun akathah bêdhile | yèn anyêrod ingoncatan | satêngah sampun nyabrang | kang sura kêdhik kang kantun | jinêjêl gêbyur ing toya ||
3. kang kuntung kêna ing bêdhila |[12] akèh tatu ana pêjah | wus nunggil lawan sang rajèng | mêngsah nyabrang samya ngêpang | kidul lèr lawan wetan | abdi dalêm samya bingung | tambuh-tambuh dèn piliha ||
4. kidul kilèn angajoni | kang nadhahi Wirasastra | Răngga Suryanêgarane | Muhyadin arsa tulunga | nugil Ki Wirasastra | mungsuh asru dènnya muwus | Wirasastra lumayua ||
5. nora kêlar anadhahi | kari akèh anungkula | Ki Wirasastra wuwuse | hèh apa abamu baya | besuk ingsun nungkula | yèn wus pothol jangganingsun | nora sêja [sê...]
--- [f. 291r] ---
[...ja] ambalika ||
6. sira padha cidra ngaji | sih dalêm kaliwat-liwat | mêngko dadi mungsuh kabèh | sakèhe wadya Mataram | bramatya anyênjata | mara bêdhila dèn agung | wong cidra măngsa èlèha[13] ||
7. sadaya samya ngêmbuli | wong rolikur ingkang tadhah | lakung arame jurite | Muhyadin lan Wirasastra | kinrubut buh tandhingnya | samya asrah ing Ywang Agung | sigra mangsah jêng susunan ||
8. Jayèngrana anèng wuri | Wirarana sampun dharat | Wirasraya dhèrèk mangke | myang ing ingkang dharat sadaya |[14] mêngsah wiwrin lumayya | mirut mangetan sadarum | kang wetan nêmpuh sadaya ||
9. karepotan kang nadhahi | Pangeran Natakusuma | atulung ika karsane | Ki Muhyadin atut wuntat | mêngsah rame bêdhilnya | aramya ru-binuru |[15] maksa rinoban ngakathah ||
10. Adimênggala angampil | nora ambêkta gêgaman | pinaran dening mungsuhe | acêluk kaya wus wikan | Dimênggala nukula | ingong eman kari agung | hèh apa abamu baya ||
11. mênawa ta ingong mati | atigal ing gustiningwang | aja dak eman ing mangke | amasthi [a...]
--- [f. 291v] ---
[...masthi] yèn sira pêjah | ya oraa ngong têmah | apa manèh sira lampus | mêngsah maju anyênjata ||
12. Dimênggala dèn abêcik | pinastulan gawe dolan | sarya kitrê mêngsah mangke | dêlêngên Adimênggala | lah cilik atinira | ingubêngan dipun pastul | taragnya mungsuh susunan ||
13. saking kidul anulungi | mêngsah wetan jrih sadaya | ingkang êlèr mara kabèh | ambyuk ingkang êlèr wetan | gumrudug kang sênjata | ki khaji ingkang tinêmpuh | kaparêng ponakanira ||
14. anyêluk asuka peling | dika mundur kantun kathah | apa abamu ing mangke | kancane prapta sadaya | payo aja rêrasan | karubutên adan campuh | ki khaji kathahên lawan ||
15. kang nyêkêl bandera mati | anake ki khaji kêna | kanin kang kiwa baune | Ki Muhidin nulung aprang | Nuradi rewangira | lan Jasudirga kang sunu | angamuk sarêng nêmpuhnya ||
16. nake Jasudirga kêni | ing mimis pêpasunira | mubêng bingung buh polahe | Ki Bênêr kinèn tulunga | dening kangjêng susunan | lan Suranata ka tumut | wong roro sadulurira ||
17. Jayèngsari Jayènggati | kabèh
--- [f. 292r] ---
ana wong sadasa | Bênêr mangsah sabature | dawêg kănca ja gumiwang | samya asikêp tumbak | ambêk pêjah wong sapuluh | inggih dawêg lan ki lurah ||
18. mumpung mênga lawang swargi | sêdhênge sami anekad | ngong mundur tumbakên dhewe | nulya tulu[16] wong sadaya | Bênêr sura prakoswa | Jayèngsari jalma punjul | tatag tangginas asura ||
19. sarêng mangsah samya wani | mawur-mawur kang katrajang | samya ngoncati mungsuhe | ambêbingung lan sênjata | kinarubut ing tumbak | Ki Bênêr ngamuk angiwud | kumrapyak waos binênthak ||
20. Ki Bênêr prakosa luwih | kinarubut dening mêngsah | panggah kalangkung surane | Jayèngsiri[17] Jayènggatya | ginarumung ing lawan | anging angsal barkat prabu | asring tinumbak tan pasah ||
21. mêngsah katrajang ngoncati | sampun têbih aprayitna | ingkang tatu ngundurake | adan mêngsah barêng mara | kang êlèr kidul wetan | pan sarêng panêmpuhipun | bingung tan kobêr tulunga ||
22. Ki Bênêr wus wangsul malih | ing ngajêngan sri narendra | mêngsah sarêng panêmpuhe | kang wetan campuh ing yuda | arame lêng-ulêngan | wus pêjah sinapanipun | anging pastule kang munya ||
23. di dalêm [da...]
--- [f. 292v] ---
[...lêm] kang ngamuk kêdhik | Kapilih lan Suranata | Pamijèn sarêng nêmpuhe | ri sêdhêng pinarêbutan | dene mêngsah akathah | wong Pamijèn kathah lampus | Dèn Wiratruna wus pêjah ||
24. Ki Jêmparing ngamuk mati | Kapilih Ki Singayuda | pêjah akathah belane | atulung Ki Prabakesa | wus pêjah bala kathah | Ki Muhkhidin tumut ngamuk | obatira sampun têlas ||
25. mundur sumungkêm pada ji | anging obat ămba têlas | tan sagêd ngawali mangke | tan wande kawon kang yuda | sunan alon ngandika | kang gawa obat lumayu | apa ingkang karya obat ||
26. bok angamuk karo kêris | aja sira sêja gêsang | inggih gih sandika ature |[18] anulya ki khaji prapta | sunan anuwun kapal | igih kawula angamuk | ingsun nora duwe jaran ||
27. bok angamuk dharat kaki | ki khaji inggih sandika | Muhyadin milua age | nêmbah wong roro wus mangkat | sanake gangsal wêlas | Ki Muhyadin no kantun |[19] miwah anakira dhawak ||
28. Suraprameya saraglis | kinèn ngamuk kang lèr wetan | Ki Khaji Muhyadin mangke | padha ngamuk [ngamu...]
--- [f. 293r] ---
[...k] ingkang wetan | tulung ngalèr susunan | lir rinujak kang tinêmpuh | Wirasastra sampun nunggal ||
29. mêngsah rujit sampun têbih | wus nulak kangjêng susunan | atulung kang kidul age | ki khaji ingkang mangetan | Ki Muhyadin rewangnya | Wirarana wus kapangguh | kanin kempole kang kiwa ||
30. tan karasa dènnya kanin | lumayu maksih akuwat | ngumpulkên kagungan katong | kang ambêkta samya pêjah | Kaji Muhyadin inggal | anêngah dènira ngamuk | nêmpuh wetan lêng-ulêngan ||
31. bêkta tumbak kyai khaji | lan angrangkêp karbinira | kinarubut papêrange | khaji bêdhil nora angsal | winalês nora kêna | nulya nyandhak lawungipun | wong nonoman bubar-bubar ||
151. Sinom
1. pangamuke ambêk pêjah | Ki Muhyadin nora kari | angoncati kang tinrajang | wantu kapal gancang sami | khaji lawan Muhyadin | wong limalas nora kantun | sêja barênga pêjah | pangamuke nora odhil | ingoncatan sakèh mêngsah nora panggah ||
2. pinêstulan datan kêna | kinarubut Ki Muhyadin | dèrèng untung rinêksèng Ywang | ngamuk lèr wetan ki khaji | nèng
--- [f. 293v] ---
têngah Ki Muhyadin | Pangran Natakusumèku | kidule dènnya aprang | nindhihi Jagabayèki | Pangran Natakusuma rame prangira ||
3. ginarudug ing sênjata | panggah awingit liniring | atêtêl pan nora obah | nyata prajurit linuwih | arame dènnya jurit | rêbah lawung dènnya mundur | wus karsaning Ywang Sukma | nulya Khaji Tapsirodin | Ki Muhyadin linangkungan anyênjata ||
4. langkung pêrak nora angsal | linawung-lawung tan kêni | khaji lajêng ngamuk nêngah | mêngsah samya angunduri | wong Jagabaya jurit | tan olèh dènira tarung | Pangran Natakusuma | kêkah mantêp anindhihi | tuhu kanthining nata lajêng ayuda ||
5. sura jrih ngisin lan wirang | mêngsahe wong kawan dasi | tinumbak-tumbak tan kêna | malang-malang angunduri | ki khaji malayoni | kang malang arsa linawung | waose mèh tumiba | kănca mêngsah pemut sami | dèn prayêtna sangking lèr sira tinumbak ||
6. dènnya ngoncati agancang | nulya wontên ingkang angling | lah mara aja na mendra | karubutên ing ajurit | lah iku kyai khaji | măngsa lèha wong sapuluh |
--- [f. 294r] ---
urugana bêbathang | dyan kinarubut ngajurit | karsaning Ywang untunge prapta ing ajal ||
7. ki khaji dipun sênjata | sangking lèr wetan wus kêni | niba alok sakyèh mêngsah | ayun tinigas ki kaji | Ki Muhyadin nulungi | sarêng bêdhil mêngsah mawur | dyan samya dhêp-adhêpan | kewran manah Ki Muhyadin | nyiptèng manah kaya priye polah ingwang ||
8. ingong bêkta nora kêlar | ngong tunggu tan wurung mati | wus asrah dhatêng Pangeran | angur ngong barênga lalis | wirang ngucap ngoncati | anak ngong norana ngingu | calacahing wong ala | lamun ingong angoncati | binêdhilan wong limalas sêja pêjah ||
9. dèrèng untung têkèng pêjah | mêngsah suka samya angling | tinggalên lah lumayua | mêngko sira anututi | yèn tan sira unduri | kaum sira masthi lampus | angur santri nukula | ing kene akèh kêndhuri | Ki Muhyadin amirsa asru bramatya ||
10. hèh dumèh ingong wong ala | sira tangguh nuli balik | nora ngimpi ngratokêna | liyan saking ratu mami | yèn maksih jênêngnèki | ngawula liya
--- [f. 294v] ---
tan ayun | ngong uga kinasihan | ing sunan yèn angoncati | ingong dudu tètèse jalma manusa ||
11. yèn tan tulus ratuningwang | no untung dadi aji |[20] saiki ingong lêbura | larapati ngong labuhi | tan sêja tan angimpi | atinggala ratuningsun | mêngsah samya angucap | apa kang sira rasani | Suranata kari siji sisakêna ||
12. ya lêgane ataningwang[21] | nging iku bae dèn kêni | ngong suwèke yèn wus pêjah | hir muni manub mastuli | pitulung Ywang Kang Luwih | Muhyadin mirsa ing pungkur | pangandikaning nata | tulungana Si Muhyadin | dèn akêbat kănca sarêng anarajang ||
13. langkung rame dènnya yuda | mêngsah kuciwa ngunduri | alirih samya arampak | kang buru inggih aririh | mêngsah amapan sami | di dalêm samya amundur | dyan mêngsah barêng mara | di dalêm samya kalindhih | ngungsi ngarsa akêdhik kang kathah-kathah ||
14. ngoncati lumayya nyabrang | ingkang ngadhêp kantun kêdhik | Muhyadin nangis nèng ngarsa | sunan baturi gumingsir | sinuwun benjing malih | yèn akumpul abdi prabu | sangêt duka jêng sunan | ingong tan sêja gumingsir | payo
--- [f. 295r] ---
ngamuk mara bocah angumpula ||
15. ingsun jaluk gawenira | aja na bocah ngoncati | payo angumpul kewala | aja na bocah gumingsir | aja na maras ngati | tan sun tinggal wadyaningsun | barênga lawan ingwang | mêngsah anub anyalêki | ambêdhili ing wong lir ginawe lesan ||
16. norana liyan dèn arah | nging panjênêngan narpati | ginrumung pinarêbutan | di dalêm tan amalêsi | nanging tan angênèni | di dalêm dharat kang kuntung | kang pêjah ting jalêmpah | andhepok ingkang tan titis | sri nalendra duka lir dhangdhang srêngkara ||
152. Dhandhanggula
1. bêdhil mêngsah gumarêdêg muni | ri sêdhêng sunan pinarêbutan | sing kidul lèr wetan kabèh | mimis lir pendah jawuh | lir garigis punang jêmparing | sipat wayang-wayangan | tumamèng sang prabu | tibanira kadi udan | têmên-têmên tumbak kêris tan nêdhasi | marang jatining jalma ||
2. liwatana mimis lan jêmparing | angsal kang kuntung kontung kewala | gêlah gêmpang ing sang rajèng | arja sarira nêkung | kasamadan sapat[22] Ywang Widi | ical sipat kawula | tunggal rasanipun | têmên tumamèng Pangeran [Pange...]
--- [f. 295v] ---
[...ran] | pira-pira astra tan tumamèng aji | akèh gêmpang kang bêlah ||
3. sinapan putung tuk jalma mati | ingkang astra putung agulasah | ing ngarsa pêpêr capane | astra kathah kalangkung | ingkang parêk nora kadugi | tinarka yèn kabranan | gumrêloking mungsuh | ana lagya ngincêng tiba | sing turăngga akèh ulap aningali | mring Sang Suryawijaya ||
4. sri nalendra angatag ing abdi | mara bocah ngamuka ja wangwang | lah bênêrên panggonane | Mangkunêgara iku | aja akèh dera rasani | sukên di ênggonira | Kaji Bantên matur | kang êlèr wetan punika | ingkang tipis mara ta rajangên aglis | ja wêdi mimis panah ||
5. angsêgên nora nana matèni | liyan Pangeran Kang Maha Mulya | ngandika sinuhun alon | Bênrê ingkang tinuduh | matur bêkti botên kadugi | amrih rencang ngamuka | ngoncatan ing mungsuh | kawula sunan wus sayah | tan kadugi ngandika sri narapati | kapriye gon mundura ||
6. wus mêngkene ngur ngamuka ugi | ămba tan kadugi ngling susunan | kapriye karêpmu mangke | sumăngga karsa prabu | yèn panggaha tan ketang lalis | turutên [tu...]
--- [f. 296r] ---
[...rutên] karsaningwang | sandika turipun | mundur măngsa wurung pêjah | bocah kabèh ngur ngamuka sun belani | ja nolèh kathah-kathah ||
7. mung gonira Ki Mangkunêgari | padha pêlêngên Ki Bênêr turnya | kawula tan uning gone | marenea sun wêruh | alah ika sira wus uning | inggih uning lah mara | ngamuka dèn gupuh | oyokên Mangkunêgara | aja wêdi lah ajakên barêng mati | Bênêr matur sandika ||
8. lah mara bocah milua jurit | Jayèngsari Jayènggati mangkat | wontên wong astha rowange | lah amukên dèn gupuh | kang lèr wetan ja kèh tingali | mung Si Mangkunêgara | oyokên dèn gupuh | dyan Ki Bênêr nêmpuh lawan | mobat-mabit langkung sudirèng ing jurit | kinarubut apanggah ||
9. sinêrod kewala mêngsah angisis |[23] jinujug pangran sampun katingal | ingayok wani karêpe | ingalingan wadya gung | wus katingal ngalingan malih | ngoncatan nora têka | ngalingan wadya gung | waos kumrapyak binênthak | ting palêsat amêksa dipun kathahi | tulung Suraprameya ||
10. lan kancane ingkang wani-wani |
--- [f. 296v] ---
Ki Mukhidin angamuk manêngah | lan adhine wuragile | Nuradi aranipun | lan anake sira Muhyadin | lare maksih jêjaka | Ki Dulwakid tumut | lan kancanira lêlima | tur sanake sawiji sêntana aji | Radyan Nayakusuma ||
11. mudhun sing kuda nunggil Mukidin | nulya anake Jayasudirga | ana jalma angling mangke | ika lurahmu ngamuk | ya pagene nora tut wingking | runtik nak Jasudirga | lir sinêbit matur | kawula nuwun susunan | awak ingong yèn tan pêjah ngarsa aji | dede nake pun bapa ||
12. Ki Muhkidin mêngsahnya ngêbyuki | Ki Dulwakid nuli angsal kapal | wus parmaning Ywang ta mangko | yèn aja tuk kudèku | samajade Dulwakhid mati | Ki Mukhidin wus pasrah | tanbuh timbangipun | angisis mêngsah pinarag | mingêr ngalèr ngoncati kulon dèn boti | têpang kikis angêpang ||
13. Pangran Bitara lawan kang rayi | Pangran Mangkukusuma Măndraka | anèng kulon panggonane | nging kêdhik rencangipun | mêngsah dêdêl angrubut wani | pangran mastul tan angsal | angayok kang mungsuh | kundur Pangeran Bintara | sampun nugal sunan lan rayi
--- [f. 297r] ---
tut wuri | Pangran Mangkukusuma ||
14. dèrèng tutug ing ngarsa sang aji | praptèng ajal pangran sampun seda | mêngsah kang ngawali mangke | Măndraka kidul nêmpuh | Ki Muhyadin angamuk wani | sasanake limalas | kanggêk mêngsah mundur | karsaning Ywang Maha Mulya | Ki Muhyadin jarane nake kapanggih | cinêkêlan wong liyan ||
15. rinêbat kapale pan sampun kêni |[24] nanging Ki Muhyadin sampun pisah | lan sadulur myang anake | kinèn ngulati dangu | wangsul-wangsul nora kapanggih | wus ngraos ciptanira | ngur matia ingsun | yèn kênaa ja nak ingwang | kang winuni kang angamuk Ki Muhkidin | dhine lan kaponakan ||
16. lawan Radèn Nayakusumèki | atanapi nake Jasudirga | pănca samya ngamuk mangke | kinrubut mêngsah agung | sampun sayah sarêng ngêmasi | pêjah ing adilaga | tan cidra pan tuhu | ing jangji bêkti ing nata | amarêngi untunge pănca anunggil | sajari nora pisah ||
17. tan mingsêr pisah kawula gusti | kantun raga kang lus mor Ywang Sukma | wong tumêmên ing ratune | sanggèn tan beda kubur | jalma
--- [f. 297v] ---
pănca patine sahid | Ki Bênêr mapan nora | tutug ngajalipun | mundur lan Suraprameya | rencangira sadaya angamuk mati | wus karsaning Ywang Sukma ||
18. abdi dalêm kang pêjah kang urip | sami pênêde kuntung lan ora | baya pamêlèh Ywang Manon | ja jubriya takabur | lan sumangah larangan Widi | norana kang kuwasa | anging Ywang Kang Agung | yèn aja sami kibira | pitulung Ywang nora kêna kathah kêdhik | majade nora kalah ||
19. pangrêksaning Ywang yèn dèn kasihi | rina wêngi rinêkse[25] Pangeran | kalimputane sang rajèng | iku wadya têkabur | nora wayu pamêlèh prapti | pratăndha ingapura | kaluputanipun | ingkang tan olèh apura | sakarêpe panglulu ing dunya iki | dadya kang saya lepyan ||
20. ya wong kapir gonira ya kibir | iku uga panglulu kewala | benjing kapanggih akire | wus wêning sang aprabu | yèn wawêla coba Ywang Widi | sangêt kang lagya prapta | anarimèng kalbu | sumăngga karsa Pangeran | kadya sarah sakarsa-karsa lumiring | tan mundur cobaning Ywang ||
153. Durma
1. Ki Muhyadin anangis sajroning [sajro...]
--- [f. 298r] ---
[...ning] nala | wus karsaning Yyang Wi[26] |[27] sêmana Pangeran | Bintara tur prakara | sunan ngatuturan gumingsir |[28] nata tan arsa | payo angamuk wani ||
2. abdi dalêm bingung kêkathahên lawan | kumpul dadi sawiji | angungsi jêng sunan | atap pinarêbutan | pêpênêde angêmasi | mêngsah acêlak | bêdhil tan dèn kèndêli ||
3. kathah tiba mungsuh prasamya kasanglat | na bêlah ingkang bêdhil | pan wiwrin sadaya | ulap panon susunan | pangran anêrêg kang abdi | sangêt kang duka | manut mêngsah ngêmbuli ||
4. kathah-kathah ature Pangran Bintara | sangêt ngajak gumingsir | sunan bilih tiwas | sintên kularsa-arsa | yèn walujêng pasthi pulih | kang kathah-kathah | yèn lujêng panduka ji ||
5. angandika sunan wus jamak wong tiwas | nêmahi larapati | yèn su anigala | wadya kang padha dharat | sapa kang ngandêl ing kami | sangêt aturnya | Pangran Bintara nangis ||
6. ngasih-asih ngadhangi ngarsaning nata | abdi dalêm inganti | sunan bi lumampah | dèn lirih tindak nata | jêng sunan nulya nuruti | narimèng titah | payo bocah dèn lirih ||
7. dharat aja gancang sun antèni sira | wus kondur
--- [f. 298v] ---
sri bupati | mêngsah anut wuntat | Ki Muhkidin sêmana | dangu ngulari naknèki | jinêjêl mêngsah | kancane ting jalêrit ||
8. kinèn nunggang mêngsah ambêdhili cêlak | wrat pati lali siwi | myang sadulurira | mêngsah saya anunjang | sakêdhap anuli lali | nunggang turonggang[29] | mêngsah anjêjêl wani ||
9. binêdhilan ing mungsuh Muhyadin gancang | anusul ing sang aji | panggih Măndaraka | mastul dyan byar anyabrang | asusun turăngga jalmi | Muhyadin nyabrang | wong limalas tut wingking ||
10. anututi mungsuh anyabrang sadaya | kinêpang Ki Muhyadin | wus nunggil susunan | mêngsah tut wingking têbah | yèn cêlak dipun tarungi | de Wirasastra | dharat sayah kèh kari ||
11. kang kacandhak akèh pêjah cinêkêlan | kang kanin lan kang dhêlik | wus nora winarna | sêmana risakira | sakundurira narpati | di dalêm dharat | kang gêsang kathah mulih ||
12. ingkang tisna sayah kêdhik dhêlik wona | kêdhik dhèrèk sang aji | di dalêm kang risak | Kapilih Brajayuda | Suranata lan Pamiji | kêdhik kang gêsang | kang mati kang katawis ||
13. Purbanêgara Radèn Suraprameya | pêjah
--- [f. 299r] ---
sakilèn kali | Ki Bênêr rowangnya | nging dèrèng praptèng ajal | Dèn Wiratruna ngêmasi | Jêmparing pêjah | kancane tan winilis ||
14. wong Kapilih mapan kêdhik ingkang gêsang | Brajayuda kèh mulih | laruge mangetan | nanging lurah kewala | Kudapamutung tut wingking | dhatêng jêng sunan | pun Maniklungid balik ||
15. udan panas rewange cidra narendra | Suranata kèh mati | kêdhik ingkang gêsang | kang katara kang pêjah | kajawi kang alit-alit | ki kaji pêjah | Muhkidin lan Nuradi ||
16. lan anake Muhyadin nak Jasudirga | kang kathah tan kawilis | Dèn Nayakusuma | pêjah ing adilaga | Purwadipura ngêmasi | wus karsaning Ywang | matur tanbuh dèn ungsi ||
17. ana ingkang tut wingking wênèh tan wikan | gustine polahnèki | samya ngungsi gêsang | kapalan kang tan pisah | sêntananira sang aji | Pangran Bintara | Mas Răngga lawan malih ||
18. Pangran Natakusuma Dyan Jayèngrana | Radèn Suryanêgari | Pangran Pakuningrat | kalawan Măndaraka | Cabolang Sindusastrèki | Dulwakid lawan | arine Ki Muhyadin ||
--- [f. 299v] ---
19. wadya ngampil pêpak kajawi kang tiwas | putra Pangran Ngabèi | Pangeran Dipatya | pisah tanbuh parannya | Ki Wirasastra tut wingking | kangjêng susunan | kănca lima tan kari ||
20. nging punika kang andhèrèk ing narendra | kang kathah para yayi | myang èstri sadaya | lirih lampah narendra | mêngsah ngalang atut wingking | tan purun cêlak | sinambêr gula milir ||
154. Dhandhanggula
1. wus lêpas sunan dungkap bênawi | mêngsah jêjêl ramya kinawalan | sakèh èstri babrang[30] kabèh | sunan nyabrang sadarum | mêngsah gêlak pinapag jurit | nanging êlêt bêngawan | ramya bêdhilipun | samya rèrèh wadya nata | nyabrang kabèh jêng sunan akèn Muhyadin | nyimpangkên gustinira ||
2. lan pun Kênis milu sunan malih | Wirasastra lampahe wus lêpas | pamiyakira Ywang Manon | udan drês mawur sindhung | lawan riris kang glap aniti | pracalita angadhang | gurnita gumuruh | obah ing tawang thathitnya | awilêtan gêtêr patêr asênggani | mêngangsang[31] kamandhala ||
3. thathit liwêran kuwung nêngahi | kangjêng radèn ayu sampun nyabrang | prapta Sumampir [Su...]
--- [f. 300r] ---
[...mampir] arane | tan dangu jêng sinuwun | rawuh raryyan[32] nganti kang abdi | satunggil kalih prapta | wontên warti katur | yèn mêngsah dalêm wus cêlak | anèng Dêmung rêmbuge arsa nyabrangi | inganti nora prapta ||
4. sampun budhal jêng sri narapati | daut kabèh sunan alon-lonan | lêpas kang winarna mangke | mêngsah prapta ing Dêmung | samya raryyan nulya lumaris | prapta Sumampir raryyan | sabrang wetan iku | kabèh anèng lèring kitha | pangran duta mring Madiun kèn ngadhangi | pangeran nulya bubar ||
5. pangeran lampahipun wus bali | kangjêng susunan ingkang winarna | raryyan ing Tulung sang rajèng | ngantosi wadyanipun | baya sampun karsaning Widi | tampanirèng narendra | wêla dadi ratu | akathah kang dadi beka | abdi dalêm rêbat kari pan kèh lali | owah sungkêming nata ||
6. langkung rêntêng galihe narpati | aprakawis Pangeran Dipatya | dèrèng kantênan prênahe | wuwahan risakipun | abdi dalêm kang bêcik-bêcik | sunan datan ngartika | anduta sang prabu | êmbane Pangran Dipatya | Arya Panatas kinèn wangsul ngulari | angrajod sampun mintar ||
7. sampun budhal [budha...]
--- [f. 300v] ---
[...l] jêng sri narapati | lampah dalu asare ing marga | Waringinkuncung arane | enjinge sampun laju | tan atata sawadya aji | lumampah sowang-sowang | lali gustinipun | pakuwon Karas wus prapta | masanggrahan wong Madiun kang mêgati | samya jrih manjing wona ||
8. mêngsah kang agêng Dêmung miranti | kawarnaa enjing sunan budhal | masanggrahan Ngawan mangke | sadalu enjingipun | budhal nyabrang Kaping wus prapti | Sêmambung masanggrahan | pangeran winuwus | budhal ngalèr Tulung prapta | nora laju lajêng mondhok tata baris | ing Tulung karsa lama ||
9. angantos wadya măncanêgari | kinumpulkên pangran arsa nglasah | sang nata rêmbag wadyane | sunan budhal jingipun | mêdal Ngarum Murong wus prapti | masanggrahan tan budhal | salatri winuwus | di dalêm kang tinimbalan | Alap-alap jujug Madiun nêgari | mirsa kundur susunan ||
10. kêbat nulak têtakèn samargi | nyêkêl tiyang atas wartanira | nulya anjujug lakune | ing pasanggrahan prabu | tan atur wruh kagyat wadya ji | kathah kapalanira | wontên cacah sèwu | lan bêkta prayayi Sala | arsa têluk Pringgadiningrat kang nami |
--- [f. 301r] ---
anake Pringgalaya ||
11. pinriksa Alap-alap kang prapti | sampun katur nulya tinimbalan | wus asowan sakancane | ngandikan ngujung prabu | ganti-ganti kang para mantri | suh rêmpu jêng susunan | angungun ing kalbu | karaos abdi kang tiwas | sinamur samun ing tyas wacana aji | sira kasalamêtan ||
12. anuwun Lap-alap awotsari | pangangrêpa amundhi mustaka | miwah bocah ingsun kabèh | sadaya ture nuwun | sira kabèh têka ing ngêndi | kalajêng mèh ta tiwas | dhatêng ing Madiun | mèh marêngi panggih mêngsah | emut ămba anusul tindak narpati | nulak wangsul kawula ||
13. angulari panjênêngan aji | nadyan pêjah gasang[33] apanggiha | lawan panjênêngan rajèng | sun tarima bêktimu | wong anistha kalah ajurit | kudu sira upaya | sineba tan patut | ingkang kaya jênêng ingwang | ratu papa nistha Lap-alap tur bêkti | kamangkara patikbra ||
14. ngandika botên-botên ginupit | abdi dalêm sunan maksih kathah | dinamêl punapa kabèh | samya pinaring dhusun | sandhang pangan sih amanuhi[34] | ingecan manahira |
--- [f. 301v] ---
rinojong sakayun | purwa lit abdi sadaya | mangke agêng amukti dadi bupati | sangking paduka nata ||
15. kang dadi răngga dêmang ngabèi | satarutus pun dasih punika | dèrèng si kados ing mangke | bapa kaki myang buyut | ămba dados tumênggung mukti | wirya sangking jêng sunan | miwah di sadarum | punapa winalêsêna | sih nata gu[35] yèn botên têmên lan pati | tan larang bela nata ||
16. taksih wêtah kănca kawula ji | sampun sinuwun ngraos ing manah | lamun kawon jurit rajèng | yèn dèrèng ămba lêbur | mênawa ta ămba ngêmasi | langkung sakarsa tuwan | ing mangke anuwun | kawula dèrèng kantênan | pintên banggi ămba sagêd pulih gêtih | sangking barkat narendra ||
17. apa sira wana[36] sun du jurit | lawan mungsuh kang gagah prakosa | tur kait Kumpêni akèh | pranata ture purun | lamun ngabên sri narapati | dèrèng lêga ing manah | lamun dèrèng labuh | dhatêng susunan kawula | dèrèng ulap pun dasih mêngsah prajurit- | ipun Mangkunêgara ||
18. sami gantungan muguhing paksi | tarima turira maring ingwang | mênawa tan tuhu [tu...]
--- [f. 302r] ---
[...hu] kabèh | ngur ngularana kayun | kauripan rêbuta singgih | aja na nolèh mringwang | ngawulaa ratu | liyan kang gagah prakosa | surèng ing prang pirabara jênêng mami | tuk pitulung Pangeran ||
19. kêna sira arsa-arsa maning | katêmu wuri mêngko takiyar | ja susah mahira kabèh | dhuh gusti kang sinuwun | kang sih bala sung sandhang bukti | kamangkara ngandika | dhatêng abdinipun | ămba botên măntra-măntra | owah sarambut bakti ămba nrêpati | nora sêdya ngawula ||
20. lyan susunan prasêtya angênting | kancanira sumungkêm ngabahan | ya wis pun tarima kabèh | Ki Alap-alap matur | ămba atur uningèng aji | wontên di dalêm Sala | abêkti sang prabu | anakipun Pringgalaya | Pringgadiningrat mangke sumăngga aji | gumujêng jêng susunan ||
21. dene gêdhe bêgjanèku prapti | sangking Sala sêjane awirya | manggih papa têkèng kene | dening têka amuput | wong lênggona ing yayah bibi | Lap-alap timbalana | wus prapta ing ngayun | Pringgadiningrat anêmbah | ing suku sang ngusapi pada sang aji | sabda naha[37] linggiha ||
22. tumungkul ajrih sumungkêm siti | apa gawemu
--- [f. 302v] ---
Pringgadiningrat | sira aseba marene | nèng Sala wirya langkung | Radyan Pringgadiningrat bêkti | mila pun dasih sowan | arsa bêkti prabu | angunjukkên pêjah gêsang | arsa ngabdi gumujêng sri narapati | durung sun amiyarsa ||
23. wong awirya kêdah lara anglih | mêngko wus uning kaduwung sira | nèng Sala papa sira ge | seba mring jênêng ingsun | kajantaka sira lampahi | mêngko wus uning sira | iki polah ingsun | tanpa ênggon wong alasan | nora prênah lan bêgjanira kapanggih | ingsun kalah ayuda ||
24. angur sira muliha abêcik | Pringgadiningrat matur wotsêkar | sampun ămba têmah mangke | nulya prasêtya sampun | dipun imbar agama suci | matur Ki Alap-alap | di dalêm pun Lumbu | pun Lungge atêngga wisma | iya gampang katêmu besuk ing wuri | kingkin gawanên seba ||
155. Asmaradana
1. lawan ingsun durung uni | sandika ture Lap-alap | ya uwis mondhoka kabèh | ya esuk sun karsa budhal | ngasokakên ing wadya | rèrèn ing Sumbêran ingsun | lan anganti wadyaningwang ||
2. balia ta
--- [f. 303r] ---
sira sami | marang ing panggonanira | tugala kancamu kabèh | lawan Si Pringgadiningrat | sun titipkên ing sira | mêngko milu karyaningsun | wurukên ingkang prayoga ||
3. wèhna bawah kidul margi | sagadugane wèhana | wong sèwu wawangên ingong | ginawea sangu magang | wotsêkar Alap-alap | maninge ta sira esuk | barênga bubar lan ingwang ||
4. pradangdanana kang bêcik | dèn bisa anyamur lampah | angilingi tindak ingong | sabarange tindak ingwang | lakunira padhaa | yèn wis têka ênggon ingsun | dèn kukuh tunggu tampingan ||
5. lamun ana musuh prapti | sabudènira dèn bisa | kapangguh lêbura mangke | yèn nora nana timbalan | ingsun ja ngungsi ingwang | Ki Alap-alap wotsantun | sampun kawatir narendra ||
6. yèn dèrèng pêjah pun dasih | dèrèng ulap mêngsah kathah | yèn sabobot ămba mangke | prajurit Mangkunêgaran | Kumpêni akumpula | taksih purun abdi prabu | lamun wrat sinagèng yuda ||
7. pêngraos kawula aji | botên [botê...]
--- [f. 303v] ---
[...n] kirang-kirang papan | pun dasih mubênga bae | măngsa gêpoka paduka | ya uwis sun tarima | Ki Alap-alap wotsantun | luwung pun dasih ngabêna ||
8. taksih wêtah wadya aji | benjing purun mangke sura | rêmak dèn bandhêmna mangke | iya mêngko durung măngsa | wis sira amondhoka | sira bubara kang esuk | aja nganti tindak iwang ||
9. sampun nêmbah samya mijil | sadaya mring pamondhokan | kang kantun gung wuyung katong | nata prabu ing Mêtaram | langkung manggung sungkawa | ingkang dados galih prabu | sarusake ingkang wadya ||
10. animbali ingkang abdi | ingkang dados têlêng manah | ginawe lipur wirangge[38] | pan sadalu agupita | saya luwur[39] susunan | titahing Ywang kang kadulu | nora roro tingalira ||
11. anging Pangeran Kang Luwih | Pangeran Natakusuma | kinèn undhang wadya akèh | kinèn nêtêpana salat | enjing nêmbang têngara | adan budhal sang aprabu | mangalèr nora atata ||
12. Alap-alap anyarêngi | mangilèn ing lampahira | di dalêm kang tumut akèh | mring
--- [f. 304r] ---
lakune Alap-alap | satêngah dipun jarag | sandi bingung lampahipun | satuhune tan pracaya ||
13. ing panjênêngan narpati | samya nurut Alap-alap | wong Sokawati kèh mulèh | kêdhik kang dhèrèk susunan | ngilèn bênêr Lap-alap | Kumpêni kang baris Butuh | uninga pan kagegeran ||
14. sangêt samya ngati-ati | dipun nyana jêng susunan | wus lajêng kabèh lakune | Ki Tumênggung Alap-alap | Kumpêni ca kang manah | kocapa kangjêng sinuhun | sampun nyabrang ing bêngawan ||
15. Sumbêran dèn pasanggrahi | di dalêm ingkang tut wuntat | kantun ingkang tisna bae | sawontêne mondhok kêpang | Bugis lan Suranata | nora kalong maksih wutuh | wus wawêlaning narendra ||
16. aja mungguha sang aji | sanadyan wadya sadaya | nora jlêg muktia mangke | masthi sakit purwanira | tinuku lara pêjah | saprandene nora antuk | lamun untunge tan prapta ||
17. wus adilira Ywang Widi | sanadyan sira potanga | lara prihatin dhingine | yèn ora lan adhêpira | upama mêthik sêkar | nora wruh sarine iku | tanpa gawe sêkar wigar ||
18. nora padha kang udani [u...]
--- [f. 304v] ---
[...dani] | prihatin lan laralapa | sarta abêcik adhêpe | yèn tan katêmu ing awak | katêmu nak putunya | sampun ta mênggah sinuhun | mangke sangêt kawlasarsa ||
19. pintên banggi benjing wingking | antawise tigang dina | anduta mring Rancang mangke | ngaturi jêng ratu miwah | garwa-garwa lan patra[40] | datan kawarna ing ênu | duta wus prapta ing Rancang ||
20. asowan jêng ratu aglis | myang putra garwa sadaya | katur kabèh sawêlinge | jêng sunan myang tindakira | katur purwa wasana | ibu sori langkung ngungun | sugun samya adangdana ||
21. kagungan binêkta sami | kangjêng ratu adan budhal | garwa sêlir daut kabèh | tanapi kang para putra | gancangan lampahira | inggal panggiha sang prabu | lampahira anèng awan ||
22. kangjêng sunan kang winuni | ingkang taksih anggung brăngta | nora mèngèng ing galihe | titahing Ywang kang katingal | miwah sagung dumadya | kalangan duta praptèku | matur kangjêng ratu prapta ||
23. de marga ngandika aji | di dalêm kinèn aurmat | sampun atata barise | kangjêng ratu sampun prapta | gumrudug bêdhil munya | tambur bèri bêndhe ngungkung | sampun prapta ing ngajêngan ||
--- [f. 305r] ---
24. sang aji mêthuk ing kori | pinêkul-pêkul kang putra | langkung sokur ing Ywang Manon | kinanthi mring pasanggrahan | pan wus rawuh sadaya | samya lênggah kangjêng ratu | dangu amêgêng kaptinya ||
25. tanapi sira sang aji | garwa sêlir para putra | tan kêna ngampah kayune | kang putra ji tinangisan | pinêkul jêng susunan | Ratu Kêncana amuwus | sumungkêm pada sang nata ||
26. kang para putra anangis | para sêrlir[41] ya udrasa | lirih tan kapirsa ngakèh | ingambêngan jêng susunan | wis ta ja na karuna | wus karsaning Ywang Kang Agung | sun kapakkên bêgjaningwang ||
27. iya sun têmah pribadi | dadya ratu kawlasarsa | urip dêdawa wirang ngong | nging dulunên sipating Ywang | pasthinipun tan owah | saya karuna sadarum | putra ji uninga ingwang ||
28. wus karsaning Ywang Kang Luwih | lamun dulu mring andika | kawlasarsa katuwone | dadya aji kaki nata | wayang[42] ngong di ki putra | pagene pisah lan prabu | kaya priye polahira ||
29. wayah ngong kari pribadi | kaya priye kala aprang | lêbur kabèh pawartane | wadyanira ingkang anyar | kapriye kaki nata | dening kosi[43] bisa mundur | lan [la...]
--- [f. 305v] ---
[...n] sawartane kang layan ||
30. nora nyana yèn basuki | kaki putra kang sarira | mirsa wacana sang katong | karuna pinêgêng ing tyas | tinênggak maksa mêdal | sinamur-samur ing wuyung | wasana mijil pangucap ||
156. Mijil
1. dhuh ibu lawas ingsun ajurit | wus karsa Yyang Manon | durung tiwas kang kaya mêngkene | wadyaningsun lalêburan sami | tur kang bêcik-bêcik | myang sêntananisun ||
2. samya tiwas tan mingsêr gonnèki | sumungkêm karya ngong | sun belani bocah ingsun kabèh | karsaning Ywang ingsun nora lalis | baya wus pinasthi | dawa wirang ingsun ||
3. pundi wadyanara[44] kaki aji | kang samya nom-anom | anaking wong Kartiyasa kabèh | sri narendra kagagas ing galih | ibu ja rasani | andêdawa wuyung ||
4. ibu kang dera ucap ku sami | iya anaking wong | Kartiyasa wus lêburan kabèh | kasambut nglaga ana kang kari | buh raosing ati | kêdhik wadyaningsun ||
5. iku kang gêsang sun nyana lalis | dening ta wus awor | lawan mungsuh karsaning Ywang mangke | nora ngimpi ana ikang
--- [f. 306r] ---
urip | ingkang dadi galih | alama sun adu ||
6. bêdhah nêgara bocah Kapilih | nora kadi mangko | wus karsaning Yyang ing wawêlane | bocah kang tiwas lipurên jalmi | sèwu ngong tan apti | raose tèningsun ||
7. nora kaya wus karsaning Widi | angur putraningong | ki dipati ya wus sun srahake | ratu karsaning Ywang Maha Suci | kangjêng ratu nangis | garwa sami muwun ||
8. amlasakên satuwuking Mantri | durung kaki ino | ngrujit galih pa baya dosane | kadukan tampi gung para èstri | sêsambat mlasasih | sang prabu angimur ||
9. sotya balut sangsaya buh rêsmi | angrês tyas sang katong | pramèsyari matur ing sang rajèng | karsa iji kadi punapa benjing |[45] polah patik aji | yèn ki putra nglangut ||
10. sang prabu tulusa kaki Mantri | apisah lan katong | patik aji tan tulus sang rajèng | suka pêjaha ing wona giri | sakathahing rabi | jrit akarsa tumut ||
11. sang nata ngling alah sira yayi | dening trêsnaningong | nanging yayi tan ana dedene | sun pupus wus karsaning Ywang Widi | nakira Ki Mantri | pinilih Ywang Agung ||
12. samrêgane nakira Ki Mantri | yèn [yè...]
--- [f. 306v] ---
[...n] gumanti katong | pasthi rinêksa Ywang saparane | malaekat ingkang atut wuri | yèn jalma linuwih | sapolahe punjul ||
13. pêgatên trêsnanira sawiji | srahêna Ywang Manon | lah ta iku kawruhana rèhe | ing tumuwuh suka duka mati | pan saking Ywang Widi | tan kêna winuwus ||
14. sapa nulak ing karsa Ywang Widi | ujar wus mangkono | titahing Ywang lah ta aja kagèt | saprandening yèn titah Yyang Widi | pinanggihkên malih | ki putra katêmu ||
15. ki putra badhe gêntèni aji | enake tèningong | malah mandar dadia tapane | lamun bêcik tarimaning Widi | pramèsyari nangis | miwah para arum ||
16. sang nata ngling lah mindêla yayi | srahêna Ywang Manon | samya mindêl kang udrasa kabèh | kaluhuran pangandika aji | sinom ja ginupit | andêdawa wuyung ||
157. Sinom
1. sri nata miyos mêndhapa | angegar-egar kang galih | pira lamine narendra | dèrèng eca dhahar guling | kundur sing Ponaragi | sunan tansah agung wuyung | sineba ingkang wadya | pêpak sêntana bupati | myang prajurit kang kari-kari sadaya ||
--- [f. 307r] ---
2. Pangeran Natakusuma | Pangran Pakuningrat nangkil | Măndaraka Wiradigda | Suryanêgara anangkil | nanging Mas Răngga kari | têngga tampingan puniku | lan kănca Sokawatya | nimbangi Lap-alap uni | wus ngandikan kang rayi Pangran Bintara ||
3. ngandika kangjêng susunan | Ki Bintara ari mami | myang adhi-adhi sadaya | prajurit padha sun tari | prakara putra mami | ki dipati ingkang nglangut | manawa na kang warta | nêmbah dèrèng wontên warti | wontên warti Arya Panatas kaasta ||
4. tan uning pêjah gêsanga | ing Madiun dènnya kêni | ngandika malih jêng sunan | sapa sanggup angulati | sun tan amilih jalmi | pan agung ganjaraningsun | samya tur pêjah gêsang | angraos datan kadugi | sagupita wontên abdi dalêm prapta ||
5. Sasrawinata kalihan | Mangunjaya ingkang prapti | Suranata ingkang gêsang | lan Ki Barak sarêngnèki | sandhange risak sami | jumarojog sowan prabu | lir wong pêjah agêsang | samya sumungkêm pada ji | asru nangis samya lali kaprawiran ||
6. langkung angrês sri narendra | aningali ingkang ali [a...]
--- [f. 307v] ---
[...li] ingkang abdi |[46] sandhangipun samya risak | wis aja sira anangis | bêgjane awak mami | tan dêrman sun dadi ratu | wus karsaning Ywang Sukma | nora bakal wong aurip | nulya mundhut sabuk kêris lawan wastra ||
7. pinisalin ingkang prapta | agêganjar sri bupati | sapatute kang kawudan | Suranata lan Kapilih | Brajayuda Pamiji | sampun warata sadarum | kapriye wartanira | gustinira ki dipati | ana ngêndi umatur Ki Mangunjaya ||
8. gusti pan minggah ing arga | saluman[47] ngusi wanadri | adhuh gustiningsun êmas | Pangran Bintara sira ngling | ki priye polahnèki | amlasakên putraningsun | ngandika jêng susunan | anusula sira wani | tur sandika tinagap[48] ture kang prapta ||
9. tuture kadya carita | Pangran Bintara sira ngling | yèn sawawi lan paduka | sinuwun putra sang aji | mlasakên ba miyarsi | angandika sang aprabu | sun tarima riningwang | anging ta dipun aririh | ariningsun padha asrah ing Pangeran ||
10. ya uwis padha rèrèna | sampun kondur sri bupati | ingkang ibu winartanan | ature kang lagya prapti | kagegeran kang galih | agupuh-gupuh [agu...]
--- [f. 308r] ---
[...puh-gupuh] kèn nusul | jêng ratu sinêmayan | sontên pinarêk ing jawi | Ki Muhyadin Suradirja anèng ngarsa ||
11. Kudapamutung asowan | Ki Dulwakhid nulya prapti | ingkang ngadhêp mung punika | anging jalma catur uni | sunan ngimur ing galih | angeca-eca ing kayun | nulya Ki Suradirja | Kudapamutung tur bêkti | nuwun amit arsa mulih yèn kalilan ||
12. aturira langkung nêlas | sanggup ngumpulkên wong Bali | Kudapamutung turira | sunan uning lamun sandi | wus linilan mring aji | ature Kudapamutung | sampun winêkas-wêkas | wêcanane dèn ecani | sampun putus anulya pinaring surat ||
13. nuwun pamit Suradirja | atêtilik anak rabi | inggih sampun linilanan | sunan gupita lan abdi | kinarya nyamur brangti | wus adangu sunan kondur | wus lama nèng Sumbêran | tansah nanêdha Ywang Widi | tan adhahar tan nendra minta sihing Yyang ||
14. langkung ngradatining[49] nala | ingkang tansah brăngta kingkin | tansah nênêdha Pangeran | anungkêmi ing agami | katarimaa ugi | ngêpêla nagaranipun [nagaranipu...]
--- [f. 308v] ---
[...n] | linilana Pangeran | kalayan kang dados galih | Jêng Pangeran Dipati dèrèng kapêdhak ||
15. sri nata arsa anduta | ngupados Pangran Dipati | punang duta arsa mangkat | kalangan wontên kang prapti | duta Pangran Dipati | pitulunging Yyang Kang Agung | tiyang bumi sakawan | abdi dalêm Ponaragi | lan pratăndha kang ponakawan satunggal ||
16. bilih pinaido nglampah | jumarajog lampahnèki | wus katur yèn ana duta | saking Pangeran Dipangti | tan pracaya sang aji | mênawa gunaning mungsuh | karya sandi upaya | duta wus binêkta mijil | kinèn niti mring Pangran Natakusuma ||
17. tiniti-titi kang duta | purwa wasana wus ênting | tan owah ing aturira | ingimbar dèn supatani | pangran pracaya galih | binêkta sowan wus katur | sunan mijil sineba | animbali ingkang rayi | lan bupatya miwah prajurit sadaya ||
18. Pangran Ngabèi wus prapta | angandika sri bupati | adhimas Natakusuma | wus sira ingsun kon niti | inggih sampun angênting | botên owah aturipun | malah kawula imbar [i...]
--- [f. 309r] ---
[...mbar] | yêktos yèn dinutèng gusti | binêktanan piyandêl kang ponakawan ||
19. punika ămba uninga | Pangran Bintara nyambungi | mênawa gunaning mêngsah | wus lunga bocah puniki | sapa ingkang udani | lagi puniku turipun | angandika susunan | yèn mêngkono ari mami | timbalana wong kadipatèn sadaya ||
20. tinimbalan sampun prapta | Pangran Natakusuma ngling | kănca puniku punapa | nyata kawulaning gusti | sadaya ture sami | igih kawula nyata wruh | Lurah Gamal punika | make dinamêl pakathik | angandika sunan marang punang duta ||
21. hèh sira kinongkon apa | duta umatur wotsari | ămba ngutus putra nata | Jêng Gusti Pangran Dipati | putra ji kawlasarsi | kajantaka sakêlangkung | kataksisan ing wadya | anging kantun kang pakathik | nging sakawan kang ngadhêp putra narendra ||
22. nuwun pêthuk ing narendra | langkung sangêt aturnèki | yèn wontên kawlasan nata | anuwun pêthuk kèn aglis | tan kuwawi gung brangti | laralapa kawlasayun | tan kuwawi anăngga [anăng...]
--- [f. 309v] ---
[...ga] | sihing Ywang Kang Maha Suci | tan netyasa putra nata timbul toya ||
158. Maskumambang
1. sri nalendra anglêk angrês ingkang galih | lir kadya curiga | kinasok ing wuluh gadhing | kumênyut sarêng miyarsa ||
2. lir ginăngsa ingkang galih sri bupati | sakathah kang mirsa | samya kanyut ngrês kang ati | kaya ge nuli mapaga ||
3. ingkang eyang ibu-ibu mirsa sami | angrês langkung marma | adhung[50] wayah ingsun kaki | katuwone kaki putra ||
4. kawlasarsa kapisah ramanirèki | kang ibu sadaya | ngondhok-ondhok marbês mili | lir rinujit ingkang nala ||
5. angandika jêng sunan dhuh putra mami | na ngêndi gonira | duta amatur wotsari | wontên dhêkah Ponaraga ||
6. pinggir ardi yèn dalu lumêbèng panti | rintên manjing wona | tan adhahar tan aguling | kagênganipun wus têlas ||
7. ya wis aja sira gupit ngrês kang ati | iku sira gawa | apa jalma kang de goni | nuwun inggih kang satunggal ||
8. ingkang kalih abdi dalêm Saosragi | sanaknya ngampiran | wis duta nulaka aglis | poma-poma ta dèn gancang ||
9. lah warahên putraningsun Ki Dipati | dèn trimaa tapa | pasthi sun [su...]
--- [f. 310r] ---
[...n] papag tumuli | jalma pa sira kaduga ||
10. angatêrna putraningsun Ki Dipati | inggih ba kaduga | sakathah desa ing margi | wăngsa kawula sadaya ||
11. alah iya sira trêna putra mami | aja tanggung sira | pirabara gun walêsi | kabêcikanira benjang ||
12. jalma matur inggih gusti pintên banggi | lah uwis mintara | wus ginanjar duta sami | sabuk wastra lawan reyal ||
13. kang jalma catur wus dinuman waradin | lah sira ingokna | anak rabinira aglis | opah kanggonan nak ingwang ||
14. nuwun nêmbah duta mintar tan asari | anulya Ki Marjan | kinèn dhawuhkên tumuli | Mas Răngga kinèn mapaga ||
15. sakancane padha konan[51] ngati-ati | aja kaya bocah | wotsêkar kentar tumuli | datan kawarna ing marga ||
16. Ki Mas Răngga lan Ki Marjan wus kapanggih | wus dhawuh timbalan | dalêm sawêling narpati | ênêngna ingkang kocapa ||
17. Jêng Pangeran Dipatya kang kawlasasih | tanpa guling dhahar | rintên siluman wanadri | dalu sare tămba brăngta ||
18. tan kawarna punang duta sampun prapti | cundhuk lan pangeran | katur salampah wus ênting | dan mangkat kangjêng pangeran ||
19. gancang carita lan Mas Răngga kapanggih | rinangkul [ri...]
--- [f. 310v] ---
[...nangkul] pangeran | gustinira dèn tangisi | katuwone gustiningwang ||
20. nora kaya ginawe lakoning bumi | gusti kawlasarsa | Mas Răngga atanya aris | tinutur purwa wasana ||
21. tan adangu pangeran sampun lumaris | nging age panggiha | kalawan kang rama aji | kang katon gumarit nala ||
22. ênêngêna pangeran ingkung[52] lumaris | dutane Mas Răngga | ing ngajêngan sampun prapti | anêmbah matur narendra ||
23. sang aprabu ămba ingutus pun dasih | Răngga tur uninga | putra paduka narpati | rawuh panggih lan pun Răngga ||
24. tyas kumêpyar narendra sapamiyarsi | anglir panjangputra | tiba sela itêm iki | kadya siniram ing toya ||
25. angandika ana ngêndi putra mami | katur wontên marga | tan arsa nunggang turanggi | sêsugun kangjêng susunan ||
26. kinèn mapag sarupane kang prajurit | kang nunggang turăngga | Bugis lawan Saragêni | wong kadipatèn sadaya ||
27. kang angirid Kangjêng Pangeran Ngabèi | wus nêmbang têngara | kumpul lumampah sira glis | sadaya asêsandêran ||
28. pinêthukkên kapale Pangran Dipati | wus nyabrang bêngawan | kang kari kinèn abaris | sarupane kang gêgaman ||
--- [f. 311r] ---
29. Ki Muhyadin kinèn mapagakên nyamping | paningsêt lan dhêstar | dhuwung kalawan kulambi | sampun kapêthuk ing awan ||
30. Pangran Dipati datan arsa anitih | kang mêthuk pan dharat | pangran wus nyabrang bênawi | katur pasalin sadaya ||
31. wus ingagêm pangeran inggal lumaris | tan kawarna marga | pasanggrahan sampun prapti | pinêthuk dhatêng kang eyang ||
32. sampun cêlak kang wayah dèn palayoni | rinangkul udrasa | adhuh wayah ingsun gusti | nora nyana sira prapta ||
33. nora ngimpi ingsun panggih sira kaki | dhuh tan drêmanira | kawlasarsa anglangkungi | wayah isun alit mila ||
34. ingkang wayah kinanthi dipun arasi | manjing pasanggrahan | kang ibu ngrangkul tumuli | Ratu Kêncana udrasa ||
35. para garwa sadaya prasamya nangis | alirih kewala | kinusya-kusya sang pêkik | kasmaran kang amiyarsa ||
159. Asmaradana
1. kinusya dipun tangisi | adhuh putraningsun êmas | nora nyana wong tuwane | katuwone putraningwang | têka sira kaki mas | tan dêrmanira[53] amuput | kajantaka kawlasarsa ||
2. kapan baba[54] sira kaki | katêmu [ka...]
--- [f. 311v] ---
[...têmu] bêgja awirya | adhuh putraningsun anggèr | nora nyana têmên ingwang | yèn sira awaluywa | sokur ing Yyang Maha Luhur | rinêka[55] dening Pangeran ||
3. adawa lamun winarni | agawe rasaning nala | angandika ta sang rajèng | lah uwis ja na karuna | balik ta putraningwang | bonyonên ing jêbad arum | dimène egar kang manah ||
4. pramèswari kèndêl sami | ajrih dhumatêng sang nata | kang putra rinangkul bae | wus binonyo jajêbadan | pinisalin kang putra | pangeran nora amuwus | gêtune ing polahira ||
5. karaos duk kawlasasih | ing galih kadi kapoka | kapisah sudarma rajèng | nora amanggih raharja | luwih dening alara | karaos ing polahipun | waspa mijil ingusapan ||
6. dinangu sapolahnèki | pan sampun katur sadaya | kang mirsa alês[56] galihe | adawa yèn winartaa | emut sri naranata | jalma desa kang tut pungkur | arsa malês bêcikira ||
7. Ki Muhyadin dèn timbali | sampun prapta ing ngajêngan | iki têdhakêna age | mring jalma ganjaran ingwang | gawene sun tarima | kang narima ya Ywang Agung | arsa mulih linilanan ||
--- [f. 312r] ---
8. dyan Ki Muhyadin wus mijil | jalma sami wus ginanjar | wastra sabuk lan dhuwunge | reyalipun kalih dasa | nyatail kang kêncana | mring jalma satunggilipun | wus ginanjar dan pamitan ||
9. linilan jalma kang mulih | sakalangkung katarima | sangêt dene pamujine | kangjêng pangeran sêmana | sapêkên laminira | pangran tan sinungan mêtu | langkung onêng ibu rama ||
10. wus lama dènira prapti | sampun damêl pasanggrahan | akumpul wadyabalane | kocapa sri narata |[57] gancangipun carita | wus alama apalungguh | anèng desa Pasumbêran ||
11. jêng sunan gêng brăngta kingkin | amêsu kang pasariran | anênêdha ing Ywang Manon | dalu datan kêna nendra | siyang tan kêna dhahar | langkung sungkawa sang prabu | amatitis kang paningal ||
12. sinung osik ing Ywang Widi | abdi dalêm kathah kesah | ingkang akêdhik bêktine | kang saya graitèng manah | wau kangjêng susunan | yèn awèta kèndêl ingsun | wadyaningsun padha lunga ||
13. yèn ingsun ngakata[58] kardi | kaya ingsun durung kuwat | kaya priye polah [po...]
--- [f. 312v] ---
[...lah] ingong | angur si atakiyara | mênawa na kang wêlas | baya wus karsa Yyang Agung | pitulung Sukma Kang Mulya ||
14. sadalu nora aguling | enjing miyos sinewaka | pinêpak wadyanya kabèh | sêntana para bupatya | mantri para lêlurah | prajurit pêpak sadarum | asowan anèng ngayunan ||
15. Pangran Bintara anangkil | myang Pangran Natakusuma | Pangran Pakuningrat mangke | lawan Radèn Jayèngrana | putra kalih aseba | Măndaraka sowan prabu | lan Radèn Suryanêgara ||
16. prajurit samya anangkil | pêpak mugèng ing ngayunan | angandika ta sang katong | lah yayi mas ing Bintara | yayi Natakusuma | Pakuningrat arèningsun | miwah bupati sadaya ||
17. kabèh ta padha sun tari | mara ta padha pikira | amunga mangkene bae | amasthi kang saya lêbar | bocah ingkang satêngah | padha cilik atinipun | awêkasan padha lunga ||
18. sun badhe kari akêdhik | amung kang tisna kewala | kataksisan wêkasane | nistha jênêng ingsun nata | ratu katigal[59] bala | yèn kawarta rat sadarum | dadya nguntap punang mêngsah ||
19. wêkasan kasor kang niti |
--- [f. 313r] ---
dadya ratu tanpa guna | dening kalah lan mênange | dudu duwèking kawula | karsaning Ywang Kang Mulya | tan dene kêdhik wadyèku | nora tartantu wong kathah ||
20. karsaning Ywang Maha Suci | anging dèn wruh ing dêdalan | marga ala lan bêcike | iki lire kang dêdalan | yèn kang gêdhe jubriya | masthi dêduka gêng rawuh | kang wong riya kalah yuda ||
21. yèn emut titahing Widi | sanadyan silih kêdhika | masthi tuk pitulung mangke | dadya mêngko karsaningwang | yayi arsa takiyar | apa sira padha rêmbug | ingsun arsa lumaksana ||
22. Pangran Bintara ngabêkti | inggih sakalangkung rêmbag | andhèrèk karsa sang katong | lah yayi Natakusuma | kadipundi andika | karsa dalêm sami rêmbug | miwah ta prayayi kănca ||
23. Pangran Natakusuma ngling | yèn mungguh awak kawula | sumăngga karsa sang rajèng | sanajan pêjah gêsanga | dhèrèk karsa sang nata | sakalangkung dening rêmbug | sinuwun agadhah karsa ||
24. kănca kadipundi sami | saur manuk sami rêmbag | punapa karsa sang rajèng | mangalèra mangidula | botên sadya kantuna | Pangran Natakusumèku | umatur dhatêng sa nata ||
--- [f. 313v] ---
25. abdi dalêm sampun gilig | nging sawiji atur ămba | rêmbaga wadya sakèhe | yèn tan wontên yayi Răngga | dèrèng eca kang rêmbag | abdi dalêm rêmbagipun | awon pênêd dhèrèk nata ||
26. iya bênêr ari mami | lah dèn inggal timbalana | Si Răngga awake dhewe | kancane kabèh karia | tunggua pabarisan | dèn akêbat lampahipun | ingong anti rêrêmbugan ||
27. Pangran Natasuma bêkti | nuwun patikbra sandika | dyan gandhèk dinuta age | lêlampahipun sêsandêran |[60] gancangipun carita | Mas Răngga sampun kapangguh | gandhèk dhawuhkên timbalan ||
28. Mas Răngga timbalan aji | jêngandika ingandikan | kang egal ingantos rajèng | sampun ta ambêkta kănca | badan dika piyambak | kang sangêt nganti sang prabu | pinundhut ing rêmbag dika ||
29. sandika dandan tumuli | nulya mangkat sêsandêran | tan dangu prapta lampahe | wus sowan dhatêng narendra | sang prabu angandika | yayi Natakusumèku | lah padha rêrêmbagana ||
30. tuturên sakarsa mami | mring adhinira Sa Răngga | anuwun atur sêmbahe | adhi kadipundi rêmbag | karsa dalêm takiyar | purwa wasana [wa...]
--- [f. 314r] ---
[...sana] tinutur | sapangandika narendra ||
31. wus têlas pangandika ji | sakêcap norana kurang | puniku karsa sang rajèng | kănca sadaya wus rêmbag | kantun yayi andika | ingantos rêke sang prabu | lah yayi dika matura ||
32. rêmbag dika kang abêcik | adan umatur Mas Răngga | inggih langkung rêmbag ingong | nging rêmbag sasat tan rêmbag | manah dèrèng sakeca | angandika sang aprabu | karsaningsun ungkurêna[61] ||
160. Pangkur
1. lah mara rêrêmbugana | kang abêcik aja na simpên pikir | Mas Răngga aris amuwus | kakang Natakusuma | pabên barès mila kula darbe wuwus | arêmbag sasat tan rêmbag | mêngkatên liripun ugi ||
2. ingkang krêsa jêng panduka | jêng sinuwun langkung dening prayogi | kawula kalangkung rêmbug | lir tan rêmbag kawula | kathah lire pintên dangune asanggup | ingkang papak lan kawula | lair lan batin ta nunggil ||
3. sampun akapok kawula | wali-wali pan nontonan rumiyin | wong akathah ingkang sanggup | nora nuhoni ujar | dhatêng têmah ebat aningali mungsuh | awêkasan
--- [f. 314v] ---
toging prana | kapopohan sri nêrpati ||
4. dhasar mangke sri narendra | lagya tipis datan kandêl kang dasih | samya maring manahipun | nora mastani jalma | gih puniku mila kula botên rêmbug | tiwasa pisan punika | sintên angandêl sang aji ||
5. awêkasan dadya papa | atêmahan kantun dika lan mami | puniku mila tan rêmbug | kakang awak kawula | Pangran Natakusuma aris amuwus | kadipundi karsa dika | pinêndhêt ingkang prayogi ||
6. karsa dalêm sampun cuwa | rêmbag dika kanggea kang prayogi | Mas Răngga nauri wuwus | sampun ta dadi manah | sakathahe kănca manira sadarum | kang agêng alit sadaya | yèn têmên-têmên ing kardi ||
7. dawêg sami prajangjeyan | asupata yèn ngoncatana kardi | yèn tan mangkatên wak ingsun | karsa dalêm kawula | tan andhèrèk măngsa wurunga ing laku | wêkasan têmahan tiwas | ngur narendra ja gumingsir ||
8. Pangeran Natakusuma | aris ngucap lah kănca kadipundi | punapa sami arêmbug | sapikire dhi Răngga | saur manuk sadaya sami arêmbug | Sèh Abodin tinimbalan | kinèn ngimbar wadya sami ||
9. anulya sami ingimbar |
--- [f. 315r] ---
asupata satata gama suci | kang agêng alit sadarum | miwah para bupatya | sampun têlas Mas Răngga lêga ing kalbu | ngandika sri naranata | lah ta uwis karsa mami ||
10. lah yayi Bintara sira | lumakua mangalor ari mami | angrupak jajahan mungsuh | anglar jajahan rowang | angandika ing Garobogan rumuhun | pasisir sira rêbuta | sapakolèh jalma kêdhik ||
11. kang rayi matur sandika | besuk esuk sira mangkata yayi | ya Si Răngga karsaningsun | balia ênggonira | aja owah barismu kadya karuwun | Răngga ja sira kagetan | lamun ora sun timbali ||
12. Mas Răngga matur sandika | awotsari anuwun patik aji | wis Răngga muliha gupuh | Răngga mêdal wus kentar | lajêng mantuk dangdan kawarna ing ênu | sri narendra angandika | Pakuningrat ari mami ||
13. sira yayi dhinginana | ing Gagatan ancikana sira dhi | Sima kiwa têngênipun | padha sira kumpulna | sapangulon tapunga[62] watês kang kidul | kalawan Si Alap-alap | kang wetan têpunga yayi ||
14. lan laladan wong Margăngsa | atêpunga lawan Si Brajamusthi | Pangran [Pang...]
--- [f. 315v] ---
[...ran] Pakuningrat nuwun | wotsari tur sandika | besuk esuk barênga mangkat sirèku | lawan si adhi Bintara | sandika tur sêmbah ngaji ||
15. ngandika mali[63] narendra | iku uwis padha tanah gonnèki | ya ta kari jênêng ingsun | durung olèh panggonan | bêcik êndi maju ingsun lawan mundur | umatur nêmbah Pangeran | Natakusuma mring aji ||
16. yèn sawawi lawan nata | sae majêng kathah liripun aji | kadipundi kănca rêmbug | samya matur arêmbag | sakathahe wau kang prajurit agung | sadaya ature sama | Măndraka matur ngabêkti ||
17. yèn sawawi lan paduka | tur kawula dhumatêng sri bupati | sae seluman amundur | mungna wadya kewala | tiwasipun abdi dalêm kang nèng ngayun | anjujuga sri narendra | mêngsah ngusir botên dugi ||
18. sumaur aris Pangeran | Natakusuma micara mrih prayogi |[64] yèn manira boya rêmbug | amrih kawon kewala | kathah lire lamun majêng sang aprabu | pakolèh kang mêngsah taha | dinugi sura ngajêngi ||
19. mêngsah nisthane mêngkana | duwe taha ngarakog nora wani | mêngkana ngên-angênipun | iki
--- [f. 316r] ---
amasthi sura | nata maju nora bae karsanipun | iki amasthi anekad | mêngsah taha tan dhatêngi ||
20. yèn ta lamun toging prana | mêngsah sura anunjang ing sang aji | kalamun ta tiwasipun | di dalêm maksih tata | sawab pêrak lan sang aji kêndêlipun | lawan malih kathah turnya | wong alit têtêp kang ati ||
21. angandika sri narendra | lah ta uwis ingsun kang masesani | samya bêcike sun rungu | kabèh padha prayoga | nanging ingsun iya nora karsa mundur | dhêmên maju karsaningwang | êndi ênggon ka prayogi ||
22. sira yayi Pakuningrat | agawea pasanggrahan kang bêcik | ya pèkên satêngahipun | kang baris aja têbah | panggonamu myang Brajamusthi gènipun | Si Alap-alap ja têbah | gon ingsun ingka prayogi ||
23. ya yayi măngsa bodhoa | sira ugi wus têlas ingkang niti | poma ingkang pêrak banyu | kalamun ta wus dadya | pasanggran inggun sira tura wêruh |[65] amasthi yayi sun tindak | pasanggrah kang sun anti |[66]|
24. pangran umatur sandika | alah uwis padha dangdana sami | aluwaran sang aprabu | kang seba wus bubaran | tan kawarna ing latri [la...]
--- [f. 316v] ---
[...tri] kangjêng sinuwun | lajêng nanêdhèng Pangeran | antuka pitulung Widi ||
25. salatri nora anendra | tan kawarna kocapa sarêng enjing | kang arsa bodhol rumuwun | pangeran ing Bintara | lawan Pangran Pakuningrat sarêngipun | kang wadya dangdan sadaya | dyan nêmbang têngara muni ||
26. Pangran Bintara wus budhal | Pangran Pakuningrat sarê[67] sanès margi |[68] datan kawarna ing ênu | Kangjêng Pangran Bintara | Garobogan sawadyane sampun rawuh | dening Pangran Pakuningrat | ing Gagatan sampun prapti ||
27. nulya damêl pasanggrahan | kidul wona ing Dhuwêt arannèki | sampun nulya atur wêruh | ing Sumbêran wus prapta | Pangran Natakusuma tur uning prabu | abdi dalêm Pakuningrat | damêl pêsanggrahan dadi ||
28. dhusun Dhuwêt kidul wona | jêng susunan angandika hèh yayi | undhangana wadyaningsun | besuk esuk sun tindak | marang Dhuwêt yayi kumpula kang esuk | nuwun sandika wus mêdal | wusing ngundhangan wadya ji ||
29. wadya lit sadalu dangdan | sarêng enjing kumpul samakta sami | dyan nêmbang têngara umung | pradăngga asauran | sampun budhal pangarsa turăngga umung | asêlur wadya [wa...]
--- [f. 317r] ---
[...dya] lumampah | ingkang dharat andhingini ||
30. prajurit tata tan owah | kadya lama sinuwun anèng wingking | ganarêbêg[69] para arum | putra kalih tut wuntat | sarêng bubar dhatêng Ngrancang kangjêng ratu | mangilèn kangjêng susunan | Pucanganom sampun prapti ||
31. salatri amasanggrahan | enjing budhal pangarsa sampun têbih | mangilèn nrajang wana gung | ngambah Luwak Majênang | sampun lêpas Garogol pangayun langkung | kajêng sunan anèng wuntat | ing Garagol sampun prapti ||
32. marêngi pitulunging Ywang | kacarita utusan Tuwan Sarif | lampah dora sadêlanggung | akathah sangadinya | nuli mirsa kangjêng sunan tindak wau | inggal nututi kang duta | kasmaran karsa Yyang Widi ||
161. Asmaradana
1. baya-baya wus pinasthi | pitulung kang Murbèng Jagad | waktu punika tibane | wus nututi kang utusan | ing Garagol samana | wong roro pan ambêk lampus | anamur amor lan wadya ||
2. mênawa dede sang aji | duta kalih atêtanya | dhêmit sadu bêk ujare | kalangkung panamurira | wadya ji wruh ing gatya | sampun limpad tatanipun [tata...]
--- [f. 317v] ---
[...nipun] | langkung namun kang utusan ||
3. witning yêtnaning wadya ji | duta karo wus kaasta | samya jarwa ing karone | manira iki utusan | sampun andika bănda | gih puniki suratipun | lan ngaturkên bêbarkatan ||
4. saking Ngarab ingkang margi | saking Tuwan Sarip Bêsar | anulya binêkta bae | duta katur ing Pangeran | Natakusuma têlas | purwa wasana sadarum | wus wangsul sowan narendra ||
5. wus kapêthuk ing sang aji | Pangeran Natakusuma | pun dasih tur uning rajèng | punika wontên caraka | bêkta surat kalawan | barkatan ngandika prabu | kaya priye ariningwang ||
6. apa bêcik sun andhêgi | yèn sawawi lawan karsa | inggih kèndêla sang katong | nulya kèndêl manjing wisma | ing Garagol jêng sunan | wadya ingkang sami langkung | ngandikan wangsul sadaya ||
7. sadaya prayitnèng gati | bokmanawa nora wakca | duta karo ing lakune | amasthi yèn kadhinginan | sing luwih tatèng wadya | pangrêksanira ing prabu | pêpak bupati sêntana ||
8. miwah lêlurah nèng ngarsi | akêpang samya prayitna | angandika jêng sang rajèng | hèh ya sakèh wadyaningwang |
--- [f. 318r] ---
bupati myang sêntana | lurah sun tari sadarum | aprakara duta prapta ||
9. apa bêcik sun timbali | apa ora kang prayoga | Pangran Natakusuma lon | umatur lamun sêmbada | kalawan karsa nata | duta sampun sinung wêruh | kantuna jawi kewala ||
10. rinêksaa wadya aji | sanadyan cidra kang duta | sampuna ing jawi bae | sampun kantos wruh ing nata | nging surate kewala | pinundhut sabêktanipun | kapranan sri naranata ||
11. alah iya bênrê yayi | apa kabèh padha rêmbag | si adhi iku pikire | sadaya matur arêmbag | nulya kinèn mundhuta | surat sababêktanipun | Ki Muhyadin kang dinuta ||
12. wong roro lawan Dulwakid | wus pinundhut punang surat | myang bêbêktanira kabèh | sang duta kinèn karia | nora angrasa gêsang | amasthi yèn lamun lampus | surat sampun tinampanan ||
13. miwah babêktane sami | kang awarni bêbarkatan | wus binakta manjing age | Pangeran Natakusuma | matur lamun sêmbada | sampun kajarwa wadya gung | prakawis surat punika ||
14. awon pênêde kang tulis [tuli...]
--- [f. 318v] ---
[...s] | punika dèrèng kantênan | wantu abdi dalêm akèh | yèn mirsa tan sagêd mawrat | kang pênêd sapintêna | kang won alit manahipun | kawratan sae ing warta ||
15. iya bênêr sira yayi | nulya sunan sampun minggah | ing masjid agung ênggone | Ki Sèh Abodin tut wuntat | Pangran Natakusuma | Radèn Jayèngrana tumut | putra kalih atut wuntat ||
16. Ki Muhyadin lan Dulwakid | kinèn mirsakkên nèng ngandhap | nulya sinambut surate | kang pangulu kang amaca | tulis aksara Arab | samya lapal ungêlipun | wijiling surat mêngkana ||
162. Mijil
1. sampun têlas dènnya maca tulis | dyan matur sang katong | maknaning surat katur sang rajèng | bismillah makna mimiti muji | ing Sukma Kang Luwih | kang sung rahmat agung ||
2. kang murah dunya asih ing akir | sung rêjêki mring wong | ingkang tan pêgat pinuji mangke | asung rahmat ing jalma sabumi | atulung wong pêkir | kang bêkti Ywang Agung ||
3. pèngêt surat pêpucuking tulis | lan salam donga ngong | Kangjêng Tuwan Sarip Bêsar rane | têdhak rasul Ngrum ingkang nêgari | saking Atasangin | dinuta
--- [f. 319r] ---
Sultan Ngrum ||
4. tur kang pêsthi kinèn mriksa Jawi | gêmah risaking wong | kapirsa sing Ngrum sangêt risake | sawab saking pitênah Wêlandi | gama rasul langif | mila kinèn dulu ||
5. angsal mulya nêgari ing Jawi | sangking Ngrum punang wong | Sultan Ngrum tan lila ing rusake | mila Sarif Bêsar dèn lilani | tur binêktan tulis | kang cap praja Ngrêrum ||
6. kang mangke sama sampun dhatêng Samawis |[70] tur wus têrang ingong | kinèn nata ing Jawa rusake | surat kula katura putra ji | raja ing Mêtawis | kang kasusra luhung ||
7. kang anama Sunan Pakubumi | kasusra kinaot | sangking Ngêrum ngadêg agamane | kawarti lagya apêrang sabil | lan wadya Kumpêni | mila kinèn nulung ||
8. ingkang mugi antuka ingkang sih | nugraha Ywang Manon | sinungana rahmat dipun akèh | tinulunga dènnya aprang sabil | lan antuka malih | sufangating rasul ||
9. myang sakèhe sufangating nabi | lan malih putra ngong | antuka barkat sakabat kabèh | Abubakar Umar Ngusman Ngali | tuka sawab malih | pra wali sadarum ||
--- [f. 319v] ---
10. ingkang pinêtak sabrang lan Jawi | lan malih putra ngong | mugi-mugi tulusa yuswane | pinanjangna ngabayan ing Jawi | ginanjara malih | umur satus taun ||
11. salamêta ing dunya ing akir | iku panêdha ngong | lawan jumênênga ratu mangke | waliyullah têtêp awal akir | tumuruna benjing | turun-turunipun ||
12. sampuning kadya punika malih | awiyos putra ngong | mila kula tur surat nak rajèng | ingutus dening Sultan Ngrum mami | kinèn amanggihi | dhatêng anak prabu ||
13. kasrusra[71] sangking Ngêrum nêgari | anging anak katong | nadyan kathaha têdhaking rajèng | nagri Jawa anging anak kaji | kang kasusra luwih | ngadêg gama rasul ||
14. sarta mangke lagya aprang sabil | kang kaloka katong | mila Sultan Ngrum sangêt sukane | mêsthi kaidèn têtêp dadya ji | ngabayan ing Jawi | kang kalilan sampun ||
15. nyamènana lan Sultan Ngrum Aji | kawasa ta mangko | marentah ing tanah Jawa kabèh | Kangjêng Sultan Ngrum tan nguningani | linilan tan prapti | sawab dohing Ngêrum ||
16. tatapi sampun tan botên ugi |
--- [f. 320r] ---
andutaa katong | pisan ping kalih panjênêngane | sokur sawindu pisan ping kalih | pratăndhane asih | andutaa mring Ngrum ||
17. binaktanana Kuran sawiji | sabên jênêng katong | minăngka tăndha panjênêngane | Kuran kang sah sabên jênêng aji | kang wus ngangkat aji | Mataram linuhung ||
18. Jêng Sultan Ngrum maringi kêkasih | namanira katong | Sunan Mangkubumi mari mangke | linilan kasih Sultan Matawis | Pêpakubuwani | Senapati iku ||
19. Ing Ngalaga Durrahman Sayidin | Natagama kaot | Khalafatullah[72] ing Jawa kabèh | lan raja Ngrum mapan sampun sami | asisihan aji | nusane Raja Ngrum ||
20. kilèn Ngajam wong sabrang nêgari | Raja Ngrum kang kaot | wetan Ngajam nusa kabèh |[73] kang duwèni raja ing Mêtawis | ingkang eyang dhingin | sultan ing Mêtarum ||
21. langkung kaot nanging maksih luwih | ingkang wayah mangke |[74] luhur kang wayah panjênêngane | kaot khalifatullah kang nami | tan linilan dhingin | sultan mangke sinung ||
22. wus pinasthi dènira Ywang Widi | yèn ratu kinaot | nusa Jawa tan ana sisihe | anglangkungi kang eyang Mêtawis |
--- [f. 320v] ---
myang kang dhingin-dhingin | nora nana punjul ||
23. saturun-turun dadya Ji Jawi | pinasthi Yyang Manon | Kangjêng Sultan Ngrum asangêt sihe | pinupu têkèng ing dunya ngakir | Sultan Ngrum langkung sih | mring Sultan Mêtarum ||
24. lan Sultan Ngrum kantun pratăndha sih | rasukan sawiyos | warni pêthak jubah lagya kangge | sa-Jumuwah nging sapisan ugi | sultan ing Mêtawis | brêkate kang kantun ||
25. punika dadya jimat paripih | lan sêbe sawiyos | lan cap Sultan Ngrum ing benjing bae | lamun pun bapa panggih pribadi | kalawan nak aji | lan banderanipun ||
26. kadipundi gèn manira panggih | lawan anak katong | tanpa rowang tan sagêd sun mangke | andhatêngana mring anak aji | dèn papaga mami | kapalan kang agung ||
27. prajurite ingkang bêcik-bêcik | akêlara kang wong | anyabili inggih pitênahe | wong Kumpêni kang wontên Sêmawis | yèn kula wus panggih | lawan anak prabu ||
28. sampun kuwatir bab ing Kumpêni | yèn ta ngandêl mring ngong | lamun tan têmên pêputra mangke | cidra sandi tan agawe bêcik | dêmi Alah mami | lawan [lawa...]
--- [f. 321r] ---
[...n] dêmi rasul ||
29. saèsthi manah kawrat ing tulis | yèn wus surat ingong | dapun[75] egal ing angsul-angsule | sampun titi langkung suka aji | miwah kang miyarsi | sokur ing Ywang Agung ||
30. tan kaliru wruh pasihan Widi | saya luhur katong | samya ginupita won pênêde | sadalu dènnya rêmbagan aji | tinarima bêcik | supatane agung ||
31. kang rinêmbug kang yogya lumaris | bakta surat katong | angsul-angsul ginupita mangke | sadalu lawarn[76] garwa aji |[77] enjing bubar sami | mêsanggrahan prabu ||
32. ing dhêka[78] satêngahing wanadri | miwah warga katong | kang dèrèng tuk nalika ature | arsa nutugakên ingkang pikir | sinalinan gêndhing | milanya kapungkur ||
163. Pangkur
1. abdi dalêm akèh prapta | ikang kantun kalanipun ajurit | pan akathah warninipun | kang tisna sami prapta | ênêngêna kocapa kangjêng sinuhun | sêdhêngira rêrêmbagan | prakawis surat kang prapti ||
2. jêng sultan karsa utusan | mring Sêmarang angangsuli kang tulis | kang dinuta dèrèng tamtu |
--- [f. 321v] ---
prayoganing lumampah | Ki Muhyadin kang dados têlênging kayun | Pangeran Natakusuma | tinari inggih ngrêmbagi ||
3. Ki Muhyadin tinimbalan | angandika gultan[79] sira Muhyadin | pa têmên bêkti maring sun | Muhyadin atur sêmbah | botên măntra darbea tingal lyanipun | angimpia botên pisan | darbe ratu lyan sang aji ||
4. mangke pinupu kawula | sampun pêjah sinuwun kang ngurip-urip |[80] sinung pangan sandhang tuwuk | dosa ba kaapura | punapa wêwalês yèn tan têmên tuhu | wali-wali lamun cidra | dede tètès jalma uni ||
5. pantês dinamêl jajalan | datan măntra ngraos suwitèng aji | anggêp ămba kadya guru | lir kadia yah rena | suka pêjah ingayahan sang aprabu | kathah-kathah tur prasêtya | amrih prayogi kang kari ||
6. têmbe nakira tulusa | kabdèkakên ja dadi pocapan jalmi |[81] turun jalma cidra ngratu | jêng sultan wus prawignya | amrih sura angandika sang aprabu | upama sun kon alara | utawa têka i pati ||
7. anrang baya wani sira | sakarsèngsun apa nora [no...]
--- [f. 322r] ---
[...ra] ngoncati | sawawrat ămba gih purun | awora lan pratala | yèn mêngkono pa sira wani nrang mungsuh | kang rêpit lumaku gawat | yèn bisa sira sun tuding ||
8. ujar dhêmit kang prayoga | sira ingsun duta marang Sêmawis | amatêngakên ing rêmbug | têmu lan Sarip Bêsar | dèn abisa saluman asimpên wuwus | yèn kacina masthi pêjah | aja na jalma kang uning ||
9. iku pa sira kaduga | awotsêkar ămba darmi nglampahi | iya lungaa sirèku | lan agawea surat | angsul-angsul Dyan Jayèngrana sumambung | umatur dhatêng sang nata | kula nuwun duka aji ||
10. yèn suwawi lawan nata | inggih kula sae ingkang nglampahi | ing sakarsa-karsa prabu | lagya sêdhêng pêjaha | lamun tiwas pan sih dalêm sampun tuwuk | langkung sangking jalma kathah | patut-patut anglampahi ||
11. punika damêl agatya | rêmbag dhêmit sayogya ba nglampahi | yèn Muhyadin kang lumaku | tan sêmbada kèh lirnya | kang sapindhah bilih tan kawrat ing kayun | alit kaping kalihira | nistha jênênge narpati ||
12. pan [pa...]
--- [f. 322v] ---
[...n] kawarti ratu limpad | luwih agung anduta jalma alit | kirang urmat tingalipun | alêk Muhyadin tinya | nulya ngucap sanadyan manira mungguh | pêjaha inggih prayoga | manira kapalang alit ||
13. nora sêdya ngawula lyan | sang narpati yèn tan tulus sang aji | panjênêngan dados ratu | kula angur pêjaha | angandika sultan Muhyadin ku patut | Jayèngrana ture maksa | lumampah panuwunnèki ||
14. tinurutan saaturnya | angandika kangjêng sri narapati | ya lumakua sirèku | Ki Sèh Abodin sira | agawea ingkang surat angsul-angsul | Si Muhyadin agawea | tanduke ingkang prayogi ||
15. pan sampun winêkas-wêkas | tanduk surat kawrat dhatêng Muhyadin | Ki Sèh Abodin nênurun | ginawe basa Ngarab | sampun dadi punang surat nulya katur | Jayèngrana tinimbalan | kawrat wêlinge narpati ||
16. tan kawarna sampun enjang | pan ginanjar wau duta kêkalih | wastra reyal lawan sabuk | wus bubar kangjêng sultan | Jayèngrana anyarêngi lampahipun | Suradimêja tut [tu...]
--- [f. 323r] ---
[...t] wuntat | lumampah dhatêng Sêmawis ||
17. tindak ngidul kangjêng sultan | masanggrahan sawêngi jing lumaris | sultan ing Dhuwêt wus rawuh | karsa makuwon lama | anèng Dhuwêt miranti sawadya prabu | prayoga kang pasanggrahan | lingsène sri narapati ||
18. angantos Dyan Jayèngrana | klayan malih angumpulkên kang abdi | sultan gawe mantri jro ku | dawêg angsal walulas | Mijèn Pinilih dadya mantri jro wau | myang prajurit pinilihan | wong anom kang bêcik-bêcik ||
164. Sinom
1. Pamijèn kang tiwas ngrana | sadulure kang gantèni | adhine Suraprameya | Ki Bênêr ponakannèki | ya Ki Bênêr rannèki | gandhèk sanunggil pinundhut | lurahe Jayèngrana | ginawe sulur ing wingking | ingkang aran wau ta Ănggawijaya ||
2. anake Ki Wirajaya | arsa pinundhut anganti | lakune Dyan Jayèngrana | pami kang maksih urip |[82] dèn ganjari prasami | Dèn Sasra pinaring dhuwung | saputratine pisan | kang liyan ginanjar sami | sapatute kang pangage adi mulya ||
3. gamêl pinundhut satunggal | Adimênggala kang nami | ginawe mantri
--- [f. 323v] ---
jro lurah | Gêdhong dadya lurah ngampil | lan Ranawijayèki | dawêg salatri sinuwun | dyan Sultan Bantên prapta | tanpa rencang kawlasasih | darbèk têlas kinarenah mring Ki Tapa ||
4. tan salamêt apa pêjah | Sultan Bantên sowan ngaji | lajêng sumungkêm ing pada | pinêkul dening sang aji | boya nyana ri mami | yèn sira katêmu mring sun | ana ngêndi lawasnya | ămba saênggon akampir | nusul wana ngungsi jurang kang apringga ||
5. ngulari panduka nata | botên ketang bayapati | kayungyun pagih lan nata | kangjêng sultan ngandika ris | bêgjanira mas ari | daulatira amuput | sira panggih lan ingwang | rahmatulah papa mami | nora nyana yangyi[83] mas kang kaya sira ||
6. Sultan Bantên nuwun nêmbah | sampun karsaning Yyang Widi | kantaka amanggih papa | sihing Yyang Kang Maha Suci | dhatêng sarira mami | ămba pupus sampun untung | dinangu polahira | Sultan Bantên matur ngaji | sampun têlas adan sinung pamondhokan ||
7. mêngkana sri naranata | langkung asih ing agami | asalat nanêdhèng ing Yyang | sarta nêtêpkên agami | undhanging wadya aji | bupati prajurit agung | kinon [ki...]
--- [f. 324r] ---
[...non] anêtêpana | salat limang wêktu sami | kang tan bisa sami kinèn sinaua ||
8. dening wong alit sadaya | yèn manjing wêktu mahêrib | ingkang nora milu salat | sadaya kinèn amuji | marêp mangulon sami | nora na kêna amuwus | ingkang aragi sora | nora na walang aosik | sirêp kabèh sakèhe wadya barisan ||
9. yèn siyang ngaji aksara | ngèlmu sarak kang dèn aji | kang pintêr ngèlmu makrifat | tarekat khakekat sami | samya micara sami | musawarat gamanipun | angaji kang tan bisa | gêguru kang sampun wasis | sarupane mung agami kang dèn ucap ||
10. kaloka kajana priya | sultan ngowahi agami | sabarange sinalinan | gama rasul kang kawarti | kaloka ing rat bumi | samya salin sadatipun | wartane kang tan wikan | wong sabumi mirsa sami | satuhune binênêrakên kewala ||
11. lamun rintên wong gumêrah | sêsinau sadat sami | yèn wêktu gumrê syaranya | jalma salat lan wong ratib | samya muja Yyang Widi | adawa lamun winuwus | sigêgên kang kocapa |
--- [f. 324v] ---
ingkang dhatêng ing Sêmawis | Jayèngrana arsa panggih lawan tuwan ||
12. langkung dhêmit aseluman | dalu dènnya apêpanggih | pan sampun ajawat tangan | Dèn Jayèngrana tur bêkti | dhumatêng Tuwan Sarif | ămba ingutus tuwanku | dening putra sampeyan | kangjêng sultan ing Mêtawis | atur salam taklim dhumatêng sampeyan ||
13. kalayan ngaturi surat | sul-angsul sampun tinampi | basanipun tata lafal | Sèh Abodin kang anulis | winaca Tuwan Sarif | pan mêngkana maknanipun | punika ingkang surat | kalayan kang salam taklim | sangking sultan anama Pakubuwana ||
14. Senapati Ing Ngalaga | Ngabdurrahman kang Sayidin | Panatagama sadaya | khalifatolah ing Jawi | Sultan Ngrum kang ngidini | sawab donga ramaningsun | kang nama Sarif Bêsar | kaatura surat mami | ingkang mugi antuka kang kanugrahan ||
15. dening Pangeran Kang Mulya | lan tuka sapangat Nabi | Muhamad panutub duta | lan barkat sahabat sami | Bubakar Ngusman Ngali | lan antuka sawabipun | para wali sadaya | panêdha ba lan malih |[84] ikang mugi pinanjangêna kang
--- [f. 325r] ---
yusya ||
16. tulusa mongmong kawula | sampun tanggêl dènnya mipil | dadosa gêgêntinira | yayah rena rama aji | donya rawuh ing akir | dadosa wong tuwaningsun | sampun kadya punika | wiyosipun atur mami | Bapak Tuwan Sarif Bêsar kintun surat ||
17. kang sampun tampi kawula | sarta katupiksa sami | sawiraos surat bapak | mungêl tulis lamun muji | pitulung marang mami | lan malih bapak ingutus | ing Sultan Ngrum amirsa | risake nêgari Jawi | mangke tuwan mapan wus uning piyambak ||
18. ing tingkah polah kawula | miwah pitênah Kumpêni | inggih măngsa bodho bapak | kawula darmi nglampahi | kinèn amanjing gêni | ambyura sagara agung | ngrogoh lak-lakan naga | yèn pun bapak kang anuding | nora pisan darbe manah taha-taha ||
19. sampun sakit nadyan pêjah | kawula dhatêng lumiring | dêlap adarbe wong tuwa | mugi ta tulusa asih | panêdha ămba mugi | dadosa gêgêntosipun | rama Prabu Mêtaram | tan angraos anyar panggih | tampiningsun rama gêsang
--- [f. 325v] ---
palipurna ||
20. kariyin kula angrasa | lola yatin kawlasasih | mangke bapak sampun taha | mulang muruk dhatêng mami | ala lawan abêcik | de kawula ratu punggung | ing budi tan wruh krama | jugul mudha awak mami | sabarange kawula darmi lumampah ||
21. lan malihe bapak tuwan | dhawuhkên parentahnèki | Sultan Ngrum dhatêng kawula | kathah-kathah mungêl tulis | langkung panêdha mami | sokur ing Ywang Maha Luhur | ămba sinrahan nusa | Jawi sadaya puniki | langkung nêdha nanging sangking apês kula ||
22. botên langkung pangaksama | pitulung tuwan mring mami | myang pitulungipun sultan | ing Ngrum ingkang wignya luwih | kang asih ing agami | sampun tanggêl dènnya mupu | dhatêng awak kawula | ijêma nêgari Jawi | botên langkung wulang wuruke pun bapa ||
23. myang prakawising agama | kawula dèrèng nyampuni | sêsinau lir wong wignya | awone kang darbe warti | kalok Ngêrum nêgari | botên pisan kadya tutur- | ipun kang kathah-kathah | tanpa wiyos awak mami | cumanthaka lir wong wignya sampun tata ||
24. dènnya amipil kawula | dhatênga ing awal akhir | ngong agêp wong tuwa kula | tan karana dunya mami | bapak sun têdha ugi | karana Alah maring sun |
--- [f. 326r] ---
wulang wuruk dèn têlas | sangking bodhone wak mami | milanipun utusan anak kawula ||
25. kang kawrat tampi wasita | punapa bapak karsèki | sabarang dhatêng kawula | bapak ingkang dados galih | wulang wuruking ngèlmi | kawrata Jayèngranèku | prakawis bapak arsa | pêpanggih kalawan mami | kadipundi angsal kawula amapag ||
26. mêngsah angadhangi marga | lan pun bapak ênggonnèki | wontên panggenaning mêngsah | yèn ngarsakkên mêksa igih | wontên ingkang murugi | wontên kapal kawan atus | yèn pun bapak amêksa | inggih akintuna wêling | dhatêng Jayèngrana kula turi egal ||
27. mêdal nêgari ing Dêmak | masthi kang mapag kapanggih | miwah kang liyan punika | mênanawi[85] karsa mamêling |[86] kawrata duta mami | sampun titi suratipun | Tuwan Sarif amirsa | sawiraose kang tulis | amlasasih kanyut-kanyut ingkang nala ||
28. pan dhatêng sami sakala | tisnane Sang Tuwan Sarif | kapriye gon sun tulunga | mring putra Sultan Matawis | eman tan bêkta jalmi | panglima kang sami punjul | yèn ingsun abêktaa | kaya ge ingsun tulungi | putraningsun iya sisip ngong piyambak ||
29. binêktanan [binê...]
--- [f. 326v] ---
[...ktanan] wong panglima | mring Sultan Ngrum ngong tan apti | sun sêdhêp[87] tan mêngkeneya | polahane putra mami | kaya priye kang wêling | Sultan Mataram putrèngsun | kang kajaba ing surat | Jayèngrana matur bêkti | botên darbe wêling sumăngga ing karsa ||
30. kawula kinèn atadhah | sakarsa ămba nampèni | putra tuwan wih pracaya | adhuh sultan putra mami | gawe rasaning ati | sakèhe pracaya mring sun | baya wus karsaning Ywang | dadya putra ngong sayêkti | duknya[88] ngakhir dêmi Alah Rasulullah ||
31. ngong tan têmên apêputra | dèn tagiha dunya ngakir | miwah lamun tan wulunga[89] | bênêr-bênêr awak mami | kênaa ujar mami | sêksènana Wirasantun | mênawa lali benjang | sira pelinga ing mami | amung sira kang prayoga ngundurêna ||
165. Durma
1. dhingin ingsun lamun gawaa panglima | masthi sun jaluk wani | tan wangwang Walănda | rèhe ingong dinuta | nora ketang larapati | mêngko awêwah | tisna
--- [f. 327r] ---
ing anak aji ||
2. karsaningsun ngong jaluk wani kewala | ămba tan nyuwawèni | kados karsa tuwan | dados tan angsal karya | tan pênêd kapirsa jalmi | lamun sêmbada | lawan sang wiku adi ||
3. yèn suwawi wayah tuwan Jayèngrana | arèrèna kariyin | manawi kalêsyan | Tuwan Sarif uninga | iya umpêtna dèn bêcik | aja winikan | poma ta digumati ||
4. sabarange sun têmpuhakên ing sira | sandika sampun mijil | wus prapta ing wisman- | ira Ki Wirasêkar | salami tan sinung mijil | toya ing wisma | barang dèn parèntèni[90] ||
5. Wirasari gumati arsa malêsa | sihira sri bupati | kala anèng Sala | dèn pênêdi kalintang | sakurange dèn paringi | dana sih kathah | Kangjêng Sultan Mêtawis ||
6. mila sangêt bêkti dhatêng kangjêng sultan | nulya Ki Wirasari | tinimbalan tuwan | tan dangu nulya prapta | Tuwan Sarif angling aris | sun tari sira | pikirmu kang abêcik ||
7. sawab sira udani adat wong Jawa | wruh sapolah Wêlandi [Wêla...]
--- [f. 327v] ---
[...ndi] | kabèh kang nèng Jawa | purwa wasana wikan | ngong mirsa Jawa rumiyin | luwih bêciknya | kalawan wong Kumpêni ||
8. nêgara Jawa pan gêmah luwih raharja |[91] nauri Wirasari | tuwan sami wonnya | purwa Kumpêni ngambah | wadya Jawa anyidrani | dumadya risak | Kumpêni amrih sugih ||
9. awêkasan anyidrani mangke têmah | apês dènnya ajurit | yèn sampuna inggal | karêb kangjêng sultan |[92] malah lêbar nagri Jawi | lir Batawiyah | apa purwane uni ||
10. anak sultan arêbat nagaranira | Kumpêni kang nyidrani | wali-wali kalintang |[93] jêng sultan cinidranan | kagêrgêtên ingkang galih | kêncênging manah | sultan sêja prang sabil ||
11. cinidranan ing Kumpêni antuk marga | sumpahe wali-wali | Wêlandi mring sultan | nora tuhu ing ujar | têtêlase wong Kumpêni | pun dêlèr Tuwan | Gondarof ingkang juti ||
12. apa mulane ngong cêlathu mêngkana | sira nyaru ing kami | ampunipun bawah | kakehan nuhun duka | langkung dene tan prayogi |
--- [f. 328r] ---
dèrèng uninga | tuwanku adat Jawi ||
13. myang kathah Kumpêni ingka wontên Jawa | saparti kadi aji | Parusa niaya | wantu angkahe sura | siksane agêng nêkani | tan kêni tuwan | angge lir atasangin ||
14. milane tan kêna rajaning Walănda | anungkul sami ajrih | mring Ngrêrum nagara | lan norana adatnya | wong Sêlam kalah lan kapir | inggih ing Arab | Islam rêmbaging pikir ||
15. ing ngriki tuwan wong Jawi kaniaya | sami batur matèni | kariyin wartinya | sayid dèn kaniaya | ya wruh ika băngsa mami | sira angucap | tan bêcik pirsa jalmi ||
16. kadipundi gih tuwan adat wong Jawa | amrih pakolèhnèki | kathah salah karya | warti dhatêng Wêlănda | wong Jawa kathah kang juti | lah kaya ngapa | karêpmu Wirasari ||
17. prakara laku iki amrih prayoga | sira wruh adat Jawi | gon sun wulung putran- | ingsun Sultan Mêtaram | kathahên lawan ajurit | mungsuh Wêlănda | wêwah mungsuh wong
--- [f. 328v] ---
Jawi ||
18. wadyanipun akêdhik puwara tiwas | kapriye gon nulungi | susah atiningwang | tur bêkti Wirasêkar | sumăngga karsa pun dasih | Twan Sarif ngucap | ya ana daya mami ||
19. yèn sêmbada lan sira putra ngong sultan | kênaa rarywan dhingin | dening sun akarsa | ngong mulih dèn antia | tigang warsa lampah mami | iku ngong etang | yèn tuk pitulung margi ||
20. sawarsa nêgara ing Ngêrum pan prapta | ingsun yèn angsal kardi | arsa nuwun wadya | ingsun tumuli nulak | wangsul sun sawarsa margi | ing kene prapta | arêp ora Wêlandi ||
21. ingsun tundhung si Jawa ku karsaningwang | ingsun norarsa mulih | bacut amungmonga[94] | putra ngong prabu sultan | iku lamun amarêngi | karsaning gukma[95] | kadadèhane benjing ||
22. samêngko bae kapriye pikirira | ja susah putra mami | sultan ing Mataram | bisaa tata jalma | yèn mêngkatên tuwan mami | karsa rèrèha | lamun tuwan kadugi ||
23. sabudi [sabu...]
--- [f. 329r] ---
[...di] tuwan ngêndhakkên mring Walănda | ngundurkên barisnèki | mênggah kajêng sultan | dados watir Walănda | tuwan sagahana ugi | jrê[96] wus pracaya | Tuwan Sarif sira ngling ||
24. ya dadi wikan Kumpêni polah ingwang | karêp sun ja udani | yèn rêmbag ta sira | ing latri ingong ngilang | karsaningsun apêpanggih | sultan piyambak | dhatêngakên ing pikir ||
25. kaya mau ika ingong dèn antia | musuh ja dèn tarungi | ya dèn oncatana | yèn durung têka ingwang | akathah pakèwêdnèki | pakewuh apa | matur Ki Wirasari ||
26. pakèwêde mêngkatên lamun kuningan | tuwan tan kêni bali | nuntên nunggil tuwan | lawan putra jêng sultan | dadosnya tan sagêd mulih | mring Ngrum nagara | malih ămba kantun jrih ||
27. sira milua tuwan dados ngatara | tan angsal krêsa rêpit | ngrêrepoti wêwah | dhatêng putra jêng sultan | tanpa rowang akat kardi | iya yèn wikan [wi...]
--- [f. 329v] ---
[...kan] | lamun tan wruh ngong bali ||
28. sanadyan mêngkatêna mêsthi kuningan | dados murugên jisim | yèn tuwan wangsula | ămba saya jrih lintang | ngur babarpisan ja bali | sawawi ămba | dhèrèk sang wiku jati ||
29. dhasar ămba wus lami adarbe niyat | sowan Sultan Mêtawis | Tuwan Sarif lingnya | lakung ewuh tiningwang | yèn mêngkono sun nuruti | sakarsanira | apa sira kadugi ||
30. lamun nglampahana gih tuwan kaduga | lamun tuwan kadugi | galih anêkêma | dhatêng wadya Wêlănda | iya ingsun ta kadugi | tapi ta putran- | isun sultan pakêni ||
31. abêcik kalawan Kumpêni sakêdhap | yèn têksih dêlèr iki | kadi botên arsa | iya apa mulanya | tuwan duk kala rumiyin | uninganingwang | cinadranan[97] awali ||
32. nagri Jawa pun dêlèr kang damêl risak | ewa punika ugi | Radyan Jayèngrana | gih tuwan pariksaa | yèn mêngkono [mêng...]
--- [f. 330r] ---
[...kono] wayah mami | lah timbalana | dan tinimbalan aglis ||
33. tan adangu Tuwan Sarif angandika | mulane sun timbali | ingong tari sira | supama putraningwang | sultan apa kêna bêcik | sakêdhap netra | lawan wadya Kumpêni ||
34. ingong darbe karsa ta lamun sêmbada | ămba dèrèng kadugi | ing sakarsa tuwan | adan Ki Wirasêkar | kinèn ajarwa tumuli | lir wau ika | karsane Tuwan Sarif ||
35. Wirasari pajar purwa ing wasana | karsane Tuwan Sarif | miwah aturira | tinutur sampun têlas | Jayèngrana atur bêkti | pangraos kula | datan karsa sang aji ||
36. sanadyan sakêdhap tuwan yèn têksiha | inggih dêlèr puniki | tuwan datan karsa | mila kadi punika | pun dêlèr kang damêl juti | pramila rusakya[98] |[99] Tuwan Sarip lingnya ris ||[100]
1 | Lebih satu suku kata: Dèn Suryanêgara kantun pribadi. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: lawan wong Jagabaya. (kembali) |
3 | êlor. (kembali) |
4 | Tulisan Jawa kurang tepat: taling dan wulu cecak. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: mêngsah wetan jêjêl wani. (kembali) |
6 | pastul. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: ya yèn tan komêt dhasmu. (kembali) |
8 | Lebih dua suku kata: nguman-uman bramêtya sadaya. (kembali) |
9 | pistul. (kembali) |
10 | karsèng. (kembali) |
11 | Asmaradana. (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: kang kuntung kêna ing bêdhil. (kembali) |
13 | olèha. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: myang ingkang dharat sadaya. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: aramya buru-binuru. (kembali) |
16 | tulung. (kembali) |
17 | Jayèngsari. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: inggih sandika ature. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: Ki Muhyadin nora kantun. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: nora untung dadi aji. (kembali) |
21 | atiningwang. (kembali) |
22 | sipat. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: sinrod kewala mêngsah angisis. (kembali) |
24 | Lebih satu suku kata: rinêbat kapale sampun kêni. (kembali) |
25 | rinêksèng. (kembali) |
26 | Widi. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: wus karsaning Yyang Widi. (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata: sunan ngaturan gumingsir. (kembali) |
29 | turăngga. (kembali) |
30 | nyabrang. (kembali) |
31 | mêngrangsang. (kembali) |
32 | raywan (dan di tempat lain). (kembali) |
33 | gêsang. (kembali) |
34 | amênuhi. (kembali) |
35 | ku. (kembali) |
36 | wani. (kembali) |
37 | nata. (kembali) |
38 | wirage. (kembali) |
39 | kuwur. (kembali) |
40 | putra. (kembali) |
41 | sêlir. (kembali) |
42 | wayah. (kembali) |
43 | kongsi. (kembali) |
44 | wadyanira. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: karsa ji kadi punapa benjing. (kembali) |
46 | Lebih empat suku kata: aningali ingkang abdi. (kembali) |
47 | siluman. (kembali) |
48 | tinanggap. (kembali) |
49 | ngrudatining. (kembali) |
50 | adhuh. (kembali) |
51 | konên. (kembali) |
52 | ingkang. (kembali) |
53 | drêmanira. (kembali) |
54 | baya. (kembali) |
55 | rinêksa. (kembali) |
56 | anglês. (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata: kocapa sri naranata. (kembali) |
58 | ngangkata. (kembali) |
59 | katinggal. (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata: lampahipun sêsandêran. (kembali) |
61 | Tulisan Jawa kurang tepat: wulu cecak dan suku. (kembali) |
62 | têpunga. (kembali) |
63 | malih. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: Natasuma micara mrih prayogi. (kembali) |
65 | Kurang satu suku kata: pasanggrahan ingsun sira tura wêruh. (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata: pasanggrahan kang sun anti. (kembali) |
67 | sarêng. (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: Ngran Pakuningrat sarêng sanès margi. (kembali) |
69 | ginarêbêg. (kembali) |
70 | Lebih dua suku kata: kang mangke sampun dhatêng Samawis. (kembali) |
71 | kasusra. (kembali) |
72 | Khalifatullah. (kembali) |
73 | Kurang dua suku kata: wetan Ngajam nusa Jawa kabèh. (kembali) |
74 | Biasanya guru lagu o: mangko. (kembali) |
75 | dipun. (kembali) |
76 | lawan. (kembali) |
77 | Kurang satu suku kata: sadalu kalawan garwa aji. (kembali) |
78 | dhêkah. (kembali) |
79 | sultan. (kembali) |
80 | Lebih satu suku kata: sampun pêjah sinuwun kang nguripi. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: kabdèkkên ja dadi pocapan jalmi. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: pami ingkang maksih urip. (kembali) |
83 | yayi. (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata: panêdha amba lan malih. (kembali) |
85 | mênawi. (kembali) |
86 | Lebih satu suku kata: mênawi karsa mamêling. (kembali) |
87 | sidhêp. (kembali) |
88 | dunya. (kembali) |
89 | tulunga. (kembali) |
90 | pirantèni. (kembali) |
91 | Lebih satu suku kata: nêgara Jawa pan gêmah lwih raharja. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: karêbut kangjêng sultan. (kembali) |
93 | Lebih satu suku kata: li-wali kalintang. (kembali) |
94 | amomonga. (kembali) |
95 | Sukma. (kembali) |
96 | jêr. (kembali) |
97 | cinidranan. (kembali) |
98 | rusak. (kembali) |
99 | Lebih satu suku kata: pramila rusak. (kembali) |
100 | Akhir naskah ini terkesan mendadak, mengingat Tuwan Sarip sedang membicarakan penyelesaian konflik antara Mangkubumi dan VOC. (kembali) |