Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 006–012)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 34r lanjutan] ---
6. Dhandhanggula
[Sang nata Pajajaran kawon kasektènipun tandhing kaliyan ki ajar Wilis.[1]]
1. datatita gumanti ngrama ji | akrama sampun nulya putra |[2] Ratu Mundhisari[3] mangke | Sang Raja Mundhisantun | apêputra Sang Mudhiwangi[4] | Mudhiwangi pêputra | kang jumênêng ratu | mukasi[5] nagri Jajaran | Naradipa wastane wau nrêngpati[6] | putranira sakawan ||
2. Arya Bangah kang sêpuh pribadi | pagulune ayu tur kalintang | Jaka Suruh pandhadhane | têtiga sami jalu | sang aprabu silih wêwangi | nagri ing Pajajaran | kartane kalangkung | nanging putra èstri ika | datan arsa akrama wau sang putri | dinukan dening rama ||
3. kesah tapa Ardi Kombang sigih | wus alami lakung sêktinira | angraga sukma badane | bisa anom asêpuh | rupa jalu wus angêntèni | kocapa sri nalendra | pinarak ing jungut | ingadhêp pawonganira | duk adangu polahe ngajar ing nguni | tuturên dèn pratela ||
4. pawongane [pawong...]
--- [f. 34v] ---
[...ane] matur awotsari | wartanipun ki ajar punika | kalakung dening sêktine | mandi sêsabdanipun | abdi dalêm gusti ing Jawi | samya gugung[7] sadaya | sêktine kalakung | sri nalendra angandika | hèh parêkan timbalana ki apatih | kang kinèn atur sêmbah ||
5. lumajêng wau gènnya nimbali | nulya kondur wau sri nalendra | pinarak ing dalêm gêdhe | ki patih kang winuwus | lênggah lawan sira kang rayi | duk mantri anom prapta | ngarsane wus cundhuk | animbalakên wêcana | ki apatih sira ngandikan narpati | ki patih nulya dadan[8] ||
6. dyan lumampah tan kawarna margi | sampun prapta ngarsane sang nata | sang prabu ngandika alon | mangkupraja sirèku | mila sira ingong timbali | isun miyarsa warta | tuture ing gunung | yèn ana ajar kawasa | ing wartane ujare lakung sinêkti | umrêk sajroning pura ||
7. umatur alon rêkyana patih | kawula gusti dèrèng miyarsa | amidhangêt dawêg mangke | ngandika sang aprabu | mila sira sun kon yêktèni | ingsun duwe sêngkêran | lakung dening ayu | sira karya coba-coba | nanging iku durung isun cangkramani | durung birai sêkar ||
8. angandika sang nata ing cèthi | timbalana kang aran Sumêkar | kang kinèn atur sêmbahe | lumayu lampahipun | sampun prapta ngarsa nrêpati | sang prabu angandika | mring patih [pa...]
--- [f. 35r] ---
[...tih] puniku | iki rupane Sumêkar | lah gawanên duduhna mring ajar sigih | yèn nyata trus waskitha ||
9. lah gawanên marang ardi aglis | atakona bobote lan ora | lanang kalawan wadone | sang nata mundhut sampun | ingkang bakor kancana adi | kalawan sutra abang | kinandhutan sampun | nulya binêbêdan wastra | yèn dinulu kadya bobot tigang sasi | padharan maya-maya ||
10. sang nata mangkya ngandika aris | alah patih ta sira gawaa | bêktaa bala kang akèh | yèn sira têka gunung | wadyabala aja tut wuri | ngantuna anèng marga | aja atut pungkur | Ni Sumêkar lawan sira | ingkang munggah aja na ingkang baribin | ki patih atur sêmbah ||
11. lèngsèr saking ngarsane sang aji | ki apatih lawan Ni Sumêkar | prapta ing jaba lampahe | ngundhangi sigra sampun | sakathahe kang wadya alit | wus bubar ki apatya | lampahnya asêlur | wus nyabrang Kali Sumiyah | sampun lêpas lampahe rêkyana patih | kocapa ing carita ||
12. pan ki ajar wau kang winarni | lagya lênggah ing dhepok ki ajar | ingadhêp dening cantrike | ki ajar sigra muwus | marang cantri[9] asêmu wingit | cantrik lah têtêbaha | mêngko ana tamu | tur utusane sang nata | lan kang garwa pun cantrik sigra angambil | kalasa wus ginêlar ||
--- [f. 35v] ---
13. ingkang lumampah pan sampun prapti | ki apatih lawan Ni Sumêkar | sukuning arga pêrnahe | sakèh kang bala kantun | soring ardi rêkyana patih | lampahira kalihan | wus prapta ing luhur | malêbên[10] dhepok ki ajar | pan wus cundhuk ki ajar angacarani | dawêg gèr dika lênggah ||
14. suwawi kyai kula aturi | ki apatih anulya alênggah | lawan Ni Sumêkar mangke | akathah kang winuwus | angandika rêkyana patih | ingsun iki ki ajar | ingutus sang prabu | ujaring warta wong kathah | apan nyata awas tur bari asêkti | ki ajar aturira ||
15. măngsa boronga kanjêng nrêpati | ki apatih aris angandika | lah ki ajar ping kalihe | pangandika sang prabu | kinèn badhe maring kang rayi | wawratan tigang wulan | jalu èstrinipun | ki ajar aris aturnya | inggih kyai mandi sabdaning nrêpati | wawratane kang garwa ||
16. atur kawula kiyai patih | punika bênjang tur miyos lanang | abagus langkung sêktine | sami warna sang prabu | agêntosi[11] angrèh nêgari | sapa kang nandhingana | sêktine kalangkung | sampeyan matur sang nata | yèn mêngkatên atur kawula kiyai | mèsêm rêkyana patya ||
17. yèn ngucapa ki rêkyana patih | bênêr pangandikane sang nata | iki wong dêstun arane | goragatha[12] apugungh[13] | bêbikrakan dhapur mathikrik[14] | muthangkus amênthathang[15] [a...]
--- [f. 36r] ---
[...mênthathang] | katha raganipun | pan iya undhaking warta | tan ginuga sudane ikang kêkirim | kongsi katur sang nata ||
18. angandika wau ki apatih | apa têmên ajar ujarira | ki ajar alon ature | pan yêktos ujar ingsun | pundi watên ujar ping kalih | sapisan wus wêkasan | ki apatih muwus | lah ajar sira karia | ingsun pamit lèngsèr wau ki apatih | lawan Rara Sumêkar ||
19. tumurun saking ing Ardi Wilis | prapta suku wau wadyabala | umyang gumuruh syarane | ki patih budhal sampun | Ni Sumêkar anitih joli | ginarêbêg ing bala | lampahnya andarung | satêkane têngah wana | nabrang kali Ni Sumêkar aningali | toya wêning kawuryan ||
20. arsa siram wau radèn dèwi | angrasa wau gêrahauyang | sang rêtna pangandikane | kakang patih lah ingsun | arsa siram agrah kêpati | singgahêna wong kathah | dèn têbah lan ingsun | rêkyana patih glis undhang | wadyabala kinèn sumikir[16] atêbih | wus bubar ingkang wadya ||
21. Rêtna Sumêkar tumurun aris | anguculi wau kang busana | kenyut ing manah wiyose | bakor datan kadulu | bêbêngkunge sutra tan kèksi | asru dènira ngucap | wus karsa dewa gung | nulya wawrat tigang wulan | wus pinasthi karsane dewa kang
--- [f. 36v] ---
luwih | ki patih têbah jaja ||
22. langkung awase kiyai patih | nora talah wus karsaning dewa | ki patih gêtun manahe | pinupus ing tyasipun | pan wis budhal lumampah aglis | nêngna ingkang lumampah | sang prabu winuwus | nulya miyos sinewaka | pêpak kabèh wadyabala samya nangkil | aglar ing pagêlaran ||
23. adangu[17] wau sri narapati | ya ta maring mantri kang aseba | si patih lawas lakune | langkung sun ayun-ayun | para mantri samya tur bêkti | ing watawis kawula | ribêg[18] lampahipun | eca gènira wêcana | sri nalendra kagyat gumêring wadya lit | lamun ki patih prapta ||
24. sampun rawuh ngarsane sang aji | nulya ngandikan rêkyana patya | ki patih atur sêmbahe | ngandika sang aprabu | dening lawas sira lah patih | liwat sun arsa-arsa | ki patih umatur | kula gèr kinèn lumampah | dhatêng ardi pun ajar kula takèni | ature gèr pun ajar ||
25. aprakawis garwa ing nrêpati | wawratane ni bok sêsêkrêran[19] | miyos jalêr wawratane | abagus warnanipun | agêntosi kanjêng nrêpati | sêktinipun kalintang | pilih tandhingipun | sang nata gumuyu suka | nora talah dening kawarta ing kami | wêruh durung winarah ||
26. karane patih ujaring warti | pan gumêdêr ujare wong kathah | yèn durung wêruh yêktine |
--- [f. 37r] ---
karane atiningsun | katêragal anilas warti | warta katular-tular | katur marang ingsun | iku yêkti nora nana | apan bakor binadhe mangke alahir | iku ajar si mamar ||
27. rêkyana patih umatur malih | lêrês mangke karsa sri narendra | ămba umatur wiyose | sarêng ngaub pukulun | sapraptane anyabrang kali | Ni Sumêkar angucap | uyang awak ingsun | anulya arsa asiram | duk acucul ingkang bakor tan kaèksi | sêkala nuli wawrat ||
28. dupi mirsa ujare ki patih | sri nalendra pan asêmu duka | ki patih atur sêmbahe | sangêt duka sang prabu | dening make asor kang galih | sang nata angandika | mring patih ta isun | pan arsa isun wilana | mring si ajar ki patih umatur aris | inggih ajar kang ala ||
29. sakalakung dukane nrêpati | lah pêpêkên patih balaniwang | rêkyana patih ge-age | ki patih awotsantun | pan wus mintar ngarsa sang aji | sapraptanira jaba | abêndhe angungkung | wus pêpak kang wadyabala | sri nalendra ajar arsa dèn pêjahi | tan arsa amundura ||
7. Durma
[Ki ajar Wilis kaperjaya déning nata Pajajaran. Sumekar babar putra nama Siyungwenara, lajeng kapupu kyai buyut Karawang.[20]]
1. dyan kocapa sang nata ing Pajajaran | wus budhal sri bupati | kang bala sumahab | gajah jaran punika | kêbat lampahnya kang baris | anulya prapta | wau sri
--- [f. 37v] ---
narapati ||
2. ênêngêna lampahe sri naranata | ki ajar kang winarni | têrus kang paningal | sidik ingkang pangucap | barang kang dèn cipta dadi | apan ki ajar | dèn adhêp dening cantrik ||
3. nulya dhaham ki ajar alon angucap | cantrik dèn ngati-ati | sang nata punika | arsa mugah pratapan | sapa ingkang milu mati | cantrik angucap | kawula tumut mati ||
4. nora kêna owah karsane ing dewa | cantri umatur aris | igih kadya punapa |[21] tuwan tumêkèng pêjah | ajar angandika aris | sri naranata | dukanira tan sipi ||
5. iku uga arsa matèni maringwang | nora kêna gumisir | singa ingkang măngga | matèni marang ingwang | sun srahakên dewa luwih | sapa nguntapna | ing pati lawan urip ||
6. iya cantrik sapa milu marang ingwang | pun cantrik matur aris | kula tumut pêjah | kalih cantrik kang gêsang | tansah agunêm ki cantrik | lawan ki ajar | kasaru sri bupati ||
7. praptanira sang nata tan mawi bala | lan[22] ana kang tut wuri | amung ki apatya | ikang tan kêna têbah | angandika sri bupati | marang ki ajar | hèh apa ajar iki ||
8. aturira ki ajar puniku marga | ngandika sri bupati | tiba ngêndi ajar | gumuyu latah-latah | karsanira sri bupati | tiba ing jaja | măngsa iku nêdhasi ||
9. pan kewuhan sri nalendra angandika | apa sun ge matèni | ajar marang sira | ki ajar sira ngucap | dèn sabar sira nrêpati [nrê...]
--- [f. 38r] ---
[...pati] | matèni iwang | patrêm ingsun pribadi ||
10. anèng langgar patrêm buntung pan sumêlap | nulya pinundhut aglis | ginoco ki ajar | pasah sampun palastra | angandika sri bupati | cantrik sun tanya | sapa kang milu mati ||
11. aturira ki cantrik amung satugal | igih kang tumut mati | sang nata ngandika | patih sira belakna | ki patih nêrajang aglis | cantrik têtiga | ginoco angêmasi ||
12. sri narendra aris dènnya angandika | sun tanya cantrik malih | lah patinèng[23] ajar | cantrik lah kaya ngapa | pun cantrik umatur aris | pêjahing ajar | gusti ingabong aglis ||
13. angandika sang nata ing wadyabala | anglumpukna tumuli | kayu lawan lênga | ki patih sigra mentar | wus ngalumpukkên tumuli | kayu lan lênga | bramane sampun dadi ||
14. pan ingasta ki ajar maring sang nata | arsa ingabong nuli | ajar sampun sirna | musna tanpa kêrana | sang nata gêtun tan sipi | pan ana syara | kapirsa mring sang aji ||
15. alah iya sang nata sira dèn yitna | esuk ingong malêsi | lara pati wirang | isun malês mring sira | yèn besuk Sumêkar lair | ikang wawratan | iku nata dèn eling ||
16. sinauran gêntêr patêr sarêng munya | sang nata angling aris | lah ta iya ajar | katêmu ngêndi sira | ing mangke besuk pan wani | sang nata bubar |
--- [f. 38v] ---
kondur dhatêng nêgari ||
17. kawarnaa sang nata pan sampun prapta | ing jro kitha pan aglis | ki patih ngandikan | hèh patih dèn prayitna | wawratane benjang lair | iku Sumêkar | sun srahkên sira benjing ||
18. atur sêmbah ki patih dhatêng sang nata | tan kawarna sang aji | apan sampun lama | Sumêkar gènnya wawrat | lair ikang jabang bayi | pan miyos lanang | warnane lakung pêkik ||
19. tur uninga ki patih dhatêng sang nata | yèn wawratane lair | jalu warna pelag | sami kalih sang nata | angandika sri bupati | lah patènana | upas lan darubêsi ||
20. pan dinulang jabang bayi marang upas | nanging tan miyatani | pan saya wêlagang | jabang bayi punika | atur uninga sang aji | yèn batên pêjah | sang nata ngandika ris ||
21. alah patih kaya ngapa budinira | ki patih awotsari | lakung karsa tuwan | ing karsa jêngandika | yèn mêngkono iku patih | sira buwanga | Kali Karawang aglis ||
22. duk sêmana jabang bayi winadhahan | mring kandhaga kang adi | anulya binucal | wayahe sirêp jalma | datan kawarna ki patih | gênti kocapa | ki buyut lakung maskin[24] ||
23. pakaryane ki buyut amasang bara | ana têngahing kali | pan sampun sapasar | bara tan angsal ulam | sabên dina dèn tiliki | lêsu kang manah | ki buyut mèh marani ||
24. malêm Sukra ki buyut sasontên mila [mi...]
--- [f. 39r] ---
[...la] | aturu anèng kali | sarêng muni rijal | kagyat ki buyut jola | panggraitane ing ati | padhanging apa | kaya raina iki ||
25. tinilikan ki buyut bara tan angsal | padhangira kêngpati[25] | andulu kandhaga | kasangsang nèng bêbara | jinuput[26] binêkta mulih | prapta ing wisma | rabine maksih guling ||
26. pan wus tangi binuka ingkang kêndhaga | yèn isi jabang bayi | langkung sukanira | ki buyut ing Kurawang | angucap sajroning ati | karsaning dewa | lir dhangdhang polahnèki ||
8. Dhandhanggula
[Siyungwenara kapundhut putra déning nata Pajajaran, sinungan nama arya Banyakwidhé.[27]]
1. kawarnaa wau Sri Bupati | Pajajaran ajujung kang putra | sinêngkakakên luhure | Arya Bangah kang lungguh | pan ing Galuh ingkang nêgari | Radèn Suruh punika | anèng rama prabu | bakal agêntèni nata | kang jumênêng prabu anom benjang uni | undhange sri narendra ||
2. ênêngêna wau sri bupati | kang kocapa ki buyut punika | sampun diwasa putrane | pan emut ing tyasipun | pan ki jaka takèn mring kaki | kaki êndi si bapa | lawan biyang isun | ki buyut alon angucap | adhuh nyawa tan aduwe yayah bibi | ki jaka asru duka ||
3. kyai buyut lingira pan aris | sira uga gèn sun manggih bara | Kali Karawang wastane | wêwadhahe karuhun | pan kêndhaga kêncana rukmi | kasangsang ing bêbara | iku purwanipun | sira nora [no...]
--- [f. 39v] ---
[...ra] tanpa bapa | tanpa biyang agèr gèn isun amanggih | iku purwaning kuna ||
4. kae jaka tan rêna ing dêling | pan jamake ing manak punika | sarupa lan bapakane | kita kalawan ulun | apa beda sarupa manis | Kyai Buyut Karawang | èsêm ing tyas sungbul[28] |[29] dadya sira angandika | iya sira anak ingsun dhewe kaki | ki jaka nora rêna ||
5. kyai buyut amicarèng ati | bok iyaa ingsun gawe dora | darapon lêga atine | aris wijiling wuwus | lah ki jaka nak ingsun gusti | yèn sira nora rêna | ing panêbdaningsun | ingsun duwe pawong sanak | atêtapa anèng wana pan winasis | petangan nujum ramal ||
6. lan wruh sadurung winarah kaki | iku nyawa payo pinaranan | takènana sabênêre | ki jaka lingnya muwus | lah ta nêdha pinaran kaki | ing pawong sanakira | dyan samya lumaku | tan asuwe nulya prapta | sirèng wana kae jaka aningali | ing wana warna-warna ||
7. kyai jaka aningali iki | kaki buyut punapi punika | lir manusa ing warnane | angingkrang-ingkrang
--- [f. 40r] ---
lungguh | kyai butyut[30] ingkang nauri | ingaranan wênara | ki jaka amuwus | malih ta ingsun tumingal | ana ing pang warnane luwih asigit | kaki puniku apa ||
8. kyai buyut anauri aris | pêksi siyung arane punika | ki jaka aris wuwuse | yèn mêngkonoa tèngsun | sun angalih aranku kaki | iya Siyungwênara | ngamini ki buyut | Siyungwênara lingira | lah ing ngêndi wismane sanakmu kaki | ya prasanakanira ||
9. kyai buyut mèsêm jroning ati | kang rinasa lamun adêdora | dadya micarèng nalane | bok iyane katèngsun | sun salimpangêne ta malih | rare măngsa wêruha | dadya sira muwus | abagus prasanak ingwang | wus angalih saking ing wana ngariki | awisma anèng praja ||
10. pagawehane apandhe wêsi | karya sênjata ing Pajajaran | pawong sanak isun rêke | Siyungwênara wau | sakalangkung bungah ing ati | miyarsa tuturira | kang rama ki buyut | dene anêbut Sang Nata | Pajajaran ki jaka rêsêp ing ati | arsa wêruh ing praja ||
11. kyai jaka nulya angling aris | lah ta nêdha jinujug pinaran | wong sanakira ing mangke | pangrasane tèningsun | kaya rêke nora atêbih | wismane sanakira | lan sudarmaningsun | ya ta nulya sami mangkat | wong kêkalih saking ing wana sirèki | wus prapta ing nêgara ||
12. nulya dhatêng ing kapandhean aglis |[31] kyai êmpu wus cundhuk alênggah | pan watên ing basalène | dawêg apandhe wau | nulya sira anyapa aglis | kakang dika katuran | ing sarawuhipun | lir ulam kasrambah toya | tyas kawula [kawu...]
--- [f. 40v] ---
[...la] kadi katibanan sasi | sarawuhe pun kakang ||
13. baya watên karyane kang gati | atanapi mundhut abah-abah | kudhi pacul lan ligise[32] | tatah pêthèl lan wêdhung | lading gobèd lan pangot sêking | penthong wangkil lan jara | wadung lawan prêkul | kawula dhatêng sumăngga | pan akathah kagêngan kita puniki | myang warni dhuwung pêdhang ||
14. pan akathah ikang pèni-pèni | pinundhuta kawula sumăngga | tan rumaos adêdarbe | angling mangkya ki buyut | lah anêdha manira yayi | ing sih pracayanira | yayi praptaningsun | pan nora nêdha dadanan | apan boya mulane isun mariki | angatêr anak para ||
15. arsa panggih lawan para yayi | anak para Ki Siyungwênara | kyai pandhe wruh sêmune | kita timbalan puniku |[33] tan sun prih suta ing kardi |[34] dimèn tutug dêdolan | ing sakarsanipun | kyai buyut ing Karawang | nulya mantuk tan kawarna laminèki | sira Siyungwênara ||
16. tumut sinau apandhe wêsi | aparon dhêngkul apukul tangan | asupit ing darijine | sakèh kang para êmpu | kapandhean cingak ningali | marang Siyungwênara | ing kasêktènipun | lami-lami pan kasusra | sanêgara yèn ki êmpu putranèki | asêkti mahambara ||
17. lan abagus wau ikang warni | anglir dewa Sa Yyang Kamajaya | apêkik anom dhasare | sumrêg kathah kang rawuh | ananonton kang warni pêkik | sakèhing kang tumingal | datan arsa mantuk | wanèh ana nginêp pisan | kang sawanèh ana milu lêladèni[35] | gènnya pandhe ki jaka ||
18. sêsêk jêjêl ingkang aningali | kang norantuk ing panggenanira | mêmènèk kêkayon bae | pagêre
--- [f. 41r] ---
kyai êmpu | lêbur dene kang wong ningali | rusak pan wismanira | tanêm tuwuh lêbur | ki êmpu lingira ngucap | ing wong kathah sadayane aningali | padha wèha bêlaja[36] ||
19. kang somahan sira sun jaluki | kalih reyal răndha tigang reyal | walanjar patang reyale | parawan ta puniku | pitung reyal ingsun jaluki | dhudha lawan prajaka | samya ngênêm suku | sakathahe kang tumingal | anagupi[37] nini dèn jaluki |[38] wong roro nyangang reyal ||
20. miwah ingkang nyênyamèkannèki[39] | wong sijine sami nyarampadan | bêborèh sarta sêkare | myang damar malam iku | lamun dalu abor[40] nyatugil | sami sanggup sadaya | malih samya muwus | mênawi watên pundhutan | ngilayoni dika ucapêna malih | ecane budidaya ||
21. wus alami ki jaka puniki | arsa midhang sira dhatêng pasar | ki pandhe ngampah karsane | amidhanga ing besuk | pasar malih barêng lan mami | awade kalithikan | mênêng sang abagus | ya ta prapta ing samaya | nulya miyos ing lêlurung sang apêkik | sarêng êmpu mring pasar ||
22. kyai jaka nulya aningali | liman ginuyang anulya tanya | punapa iku wastane | kang agung angragunuk | kyai êmpu alon nauri | bagus iku dipăngga | kagunganing ratu | kang dipăngga nulya mulat | mring ki jaka adoh dipun palajêngi | prapta mêndhak ing ngarsa ||
23. talalene tansah tinigil-tigil[41] |[42] yèn jalmaa dipăngga angucap | adhuh gustiku [gusti...]
--- [f. 41v] ---
[...ku] nah agèr | lah dawêg sang aprabu | anitiha ing gigir mami | dawêg kawula bêkta | malêbu kadhatun | apanggih lan rama dika | wus pinasthi ing dewa dika gêntosi | nata ing Pajajaran ||
24. nulya ingusap gadhinge rèki | kang dipăngga mring Siyungwênara | risampune ngusap rêke | ki jaka nulya mantuk | samya cingak kang aningali | dhatêng Siyungwênara | ing satikahipun | ki êmpu atêbah jaja | lara-lara panangise lir pawèstri | dhuh anak isun nyawa ||
25. lah pêgene sira wani-wani | dadi apa yèn kawênangana | mring sang nata kang adarbe | pasthi dadi sapikul | jangganira lan êndhas mami | ênêngêna ing sira | kocapa sang prabu | ing Pajajaran sineba | dening bala angadu wong aprang tandhing | kang kalaganjur munya ||
26. piniyarsa angatêg rêrangin | sarta suraknya ambal-ambalan | ki jaka amit ngramane | arsa mangke andulu | mring paseban wong pêrang tandhing | ingampah dhatêng rama | iya kyai êmpu | Siyungwênara amêksa | kyai êmpu sangêt dènnya mêmalangi | lah aja sira lunga ||
27. tanbuh nyawa kang dera tingali | ing dudu layak totonan[43] bocah | yèn ratu kasukan rêke | pêpak kunêng pakewuh | apan sira maksih acili[44] | durung wruh ing dêduga | angling sang abagus | dika palangana jalan | diikêta putus marang dhêpan mami | pasthi manira liyat ||
28. kapiandhêm palayune rèki |
--- [f. 42r] ---
Siyungwênara maring paseban | sigra prapta tan asuwe | ing prênahe sang prabu | nulya sira jajar aligih | lawan sri naranata | pan norana wêruh | Siyungwênara tumulya | mring kadhaton kandhêg bale sawo uni | rêmên dènira mulat ||
29. apan ta bale sawo ing nguni | yèn ginêpok kadi găngsa racak | apan găngsa kang ginawe | ya ta sang rajasunu | duk aligih ing bale uni | umyung syaranira |[45] ya ta sang aprabu | eca gènira kasukan | kagyat mirsa lamun bale sawo muni | kyèhing bala garjita ||
30. samya gègèr sagung wong jro puri | amiyarsa bale sawo munya | sang nata pangandikane | sapa kang purun-purun | gêpok ikang bale puniki | lah mantri jêro sira | cêkêlana gupuh | kang ganggu kagêngan iwang | myang kapêdhak padha milua nyêkêli | sigra nulya lumalya ||
31. sigra prapta jroning bale uni | Siyungwênara sigra kapêdhak | asarean ing balene | tan antara tinubruk | cinêkêlan sakèhing mantri | jêro miwah kapêdhak | kêbak sariranipun |[46] ya ta Ki Siyungwênara | nulya kirig apêtak mangke sira glis | punggawa ting palêsat ||
32. samya ganthik[47] rowangnya pribadi | ana putung mangke pupunira | wanèh arêmak igane | sêmpal baunya rampung | ilat mele[48] [me...]
--- [f. 42v] ---
[...le] mata mundêlik | ana pêcah mukanya | niba nuli lampus | sakarinira kang pêjah | ikang gêsang umatur dhatêng ing gusti | asru duka sang nata ||
33. sri nalendra angling sêmu runtik | bocah ngêndi pangakune iya | kang ana kono ing bale | mantri prasamya matur | kapandhean wismane sigih | anake êmpu lurah | wau sagupipun | sang nata mangkya ngandika | lah undangên si êmpu iya dèn aglis | ki êmpu sigra prapta ||
34. sang aprabu angandika aris | hèh ta pandhe sapa duwe anak | wani-wani gêpok bale | lan sapa aranipun | punang pandhe umatur aris | inggih anak kawula | nênggih wastanipun | pun Jaka Siyungwênara | sri nalendra ngandika arum amanis | undangên anakira ||
35. punang êmpu awêcana aris | anak isun Ki Siyungwênara | marenea sira age | ki jaka ngayunan luguh |[49] sri narendra ngandika aris | iki anake sapa | ki êmpu umatur | patikbra anak kawula | suta lanang gusti punika sawiji | sang prabu angandika ||
36. apan isun êmpu tan udani | lamun sira duwe anak lanang | punang pandhe tur sêmbahe | lah igih sang aprabu | apan anak gèn kula manggih | sri nalendra ngandika | nakira sun pundhut | ki êmpu matur
--- [f. 43r] ---
sumăngga | nulya dipun tumutakên mangkya aglis | ing rare panakawan ||
37. wus alami gènira angabdi | Siyungwênara asring kinon prang | bêdhah nêgara karyane | pisan-pindho ping têlu | mapan mênang gènira jurit | ngaturkên bêboyongan | dhatêng sang aprabu | antuk pangawulanira | mring sang nata dipun sêngkakkên ing nginggil | jinujung lênggahira ||
38. mapan kinulawesuda[50] aglis | Siyungwênara jinujung lênggah | Ki Banyawidhe[51] namane | salêksa lênggahipun | pinatêdhan kêndhaga rukmi | ya ta ingakên putra | alêlèmèk babut | adalêm saloring pasar | kinawênangakên ing sore siniwi | anabuh Lokanata[52] ||
39. lan winênang anrapakên sigih | wong dêdosan ikang ukum lara | miwah ukum pêjah mangke | ing lami-lami sampun | Arya Banyakwidhe turnya ris | dhatêng sri naranata | suwawi sang prabu | kawula pandhe sadaya | isun têdha akarya sênjata sigih | karya dadanan aprang ||
40. nulya sinung sadaya mring aji | punang pandhe dhumatêng sang arya | pan sampun angrèh gawene | ki arya lingnya arum | sanak pandhe sadaya sami | ulun kinaryakêna | kunjara wêsi ku | sadina mêngko dadia | punang pandhe
--- [f. 43v] ---
sadaya sami nanggupi | aturipun sandika ||
41. nulya sakèh pandhe karya sami | pan adamêl gêdhong wêsi ika | nulya dados tan asuwe | sinukanan pan sampun | kang lêlase[53] mêndhala giri | pêpajangan gumêbyar | kinasuran babut | gêguling sutra diwăngga | asri tinon sarta gănda amrik mingi[54] | anglir syarganing donya ||
42. sêdhêng ki arya têka ajurit | nulya matur dhatêng sri nalendra | kawula matur ta mangke | karuwun darbe kayun | lamun mênang kawula jurit | angaturi sang nata | dhahara anayub | watêna wisma kawula | sri nalendra wau sira anauri | iya dhingin muliha ||
43. dene isun mangke atut wuri | sumusul marang ing wismanira | ki arya mantuk dalême | tan dangu nulya rawuh | sri narendra sigra tut wuri | rawuh anèng Kariyan | akasukan tuwuk | ya ta wuru-wuru dawa | sri nalendra aningali gêdhong wêsi | asri dipun pêpajang ||
44. warna endah syaranya kumrisik | lawangira mênga minêb dhawak | lir yasane dewa dhewe | angandika sang prabu | lah ki arya gawe punapi | ajênêngakên[55] sira | gêdhong wêsi iku | dene edah[56] ikang warna | Kyai Arya Banyakwidhe matur aris | kinarya pasarean ||
45. sri narendra angandika aris |
--- [f. 44r] ---
apa sawabe têka ing sira | dene asare ing kene | ki arya aturipun | lamun gêrah pan dados atis | yèn asrêp dadi gêrah | yèn sarira lêsu | asêgêr têmahanira | yèn asakit têmahan waluya jati | luwe warêg têmahnya ||
46. angandika alon sri bupati | yèn mêngkono arya tuturira | iya abêcik sawabe | iya isun malêbu | gêdhong wêsi puniku kaki | awak isun sadina | têka êmar lêsu | darapon nuli sêgêra | radèn arya sumăngga ing asta kalih | pan kagêngan sri nata ||
9. Sinom
[Radèn Susuruh késah saking Pajajaran, lajeng jumeneng nata wonten ing Majapait.[57]]
1. risaksana linêbêtan | gêdhong wêsi mring sang aji | ki arya ika tangginas | kang gêdhong nulya kinunci | tan antara binêsmi | kang gêdhong sarta linabuh | dhatêng Kali Karawang | sang nata bêndu sarya ngling | lah ta arya dene sira ta kayèka ||
2. iya apa dosaniwang | sira labuh sira bêsmi | ki arya sumaur sigra | karane paduka yogi | isun duk maksih cili | iya paduka kang lêbuh[58] | anèng Kali Karawang | sitên utang anauri | wus pinasthi wong anilih[59] ngulihêna ||
3. watên lurahe ngandhaga | malajêng atawan tangis | milane atawan ika | prapta ngajêngan nukêmi[60] | dhuh nyawa gusti mami | sampun binêkta sang prabu | linabuh ing Karawang | dhatêng Ki Arya Widhèki | sarta wau binakta rama
--- [f. 44v] ---
panduka ||
4. Radèn Sêsuruh gyat mirsa | ature pandhagan uni | anulya nêmbang têngara | pêpak wadyanira mantri | radèn bêndu tan sipi | sigra amangkat amagut | ingiring dening bala | sigra cumundhuk tumuli | wong Sêsêdhah kalawan wadya Kariyan ||
5. aprang pirang-pirang dina | tan ana mundur kang jurit | pan dadi gunung kapala | wangke asusun atindhih | agung sêgara gêtih | abalabar[61] kadya ranu | ngèlèkkên gudèl liman | kitha dadi karang abringt[62] | risaksana Radèn Sêsuruh kasoran ||
6. ngetan bênêr palayunya | kandhêg desa Kaligunting | anulya ingambil putra | mring Ni Răndha Kaligunting | lakung sih mulenèki | dhatêng Rahadèn Sêsuruh | kadya gènira yogya | ênêngêna kang kinawi | kang kocapa Arya Banyakwidhe ika ||
7. pan sampun jumênêng nata | watên Pajajaran nuli | kèdhêp saparentahira | tan ana malang ing kapti | ya ta make sang aji | undhang-undhang bala agung | sapa ikang kagonan[63] | marang Ki Sêsuruh ugi | isun tumpês anak putune sadaya ||
8. dèn aku satru dalêman | inglokkên sadosanèki | nyai răndha dhatêng pasar | mirsa undhange nrêpati | aglis lumayu mulih | ni răndha mangkya amuwus | angure-ure rema | gumêtêr sariranèki | waja gathik bokonge atêtarungan ||
9. ni răndha anulya sira | dhatêng wismane kang
--- [f. 45r] ---
rayi | kang aran Ki Wiru ika | Ki Bandar miwah Ki Nambi | ni răndha nulya angling | paran rèh isun adunung | dening undhang sang nata | sapa kagonan sirèki | Ki Sêsuruh tinumpês sarayatira ||
10. isun iki adhèniwang | marang Ki Sêsuruh uni | kaya yoganisun awak | kalintang trêsna sun ngênting | Ki Wiru lan Ki Nambi | Ki Bandar nulya tumanduk | mring wismane ni răndha | Radèn Sêsuruh kapanggih | Kyai Wiru Ki Nambi Bandar angucap ||
11. adhuh nyawa gustiniwang | sampun dika walang galih | dene amiyarsa undhang | Pajajaran Sang Nrêpati | lamun têka ing jangji | dukanira sang aprabu | dhumatêng raganira | kawula ikang nyaguhi | gurdakane sang ratu ing Pajajaran ||
12. nadyan tumêkènga pêjah | pukulun ingong labuhi | rèh isun trêsna ing dika | Radèn Sêsuruh mangkya ngling | lah ya tarima mami | pasihanira maring sun | yèn pangrasa manira | rika bêbalunga wêsi | nora năngga gurdakanira[64] sang nata ||
13. rika kulita têmbaga | otota kawat puniki | asusuma[65] kang gêgala | kaya ta boya kuwawi | lah paman manira mit | paman arsa lunga tèngsun | kesah saparan-paran | boya awèt anèng ngriki | yèn awèta paman tan wêkas ing kuna ||
14. risaksana nulya mangkat | Radèn Sêsuruh lumaris | akêbat ing lampahira | ni bok răndha atut wuri [wu...]
--- [f. 45v] ---
[...ri] | Ki Wiru lan Ki Nambi | Ki Bandar pan nora kantun | watawis wong sakupang | umiring radèn putrèki | mugah ardi pangajaran Gunung Kombang ||
15. kocapa ikang pêrtapa | iya Cêmarasatugil[66] | Ki Ajar Cêmaratugal[67] | sakalakung dibya sêkti | wêruh durung winangsit | ingucap sampun kawêngku | ing wong angraga sukma | pilih kang jalma udani | balanira êjim lawan pêrayangan ||
16. ki ajar ika ngandika | hèh pêputhut cantrik-cantrik | sira nabuha têngara | gêntha kalawan kêkêling | isun dhayohan mangkin | wong brăngta kawêlasayun | tur putraning nalendra | pan lagya anèng ing margi | pantinira padha sira saponana ||
17. gêlarana ta sangkêlat | ing bale panjang dèn aglis | sarta lantenira pisan | tumpangana babut rukmi | myang kêndhagane rukmi | karyanên liyanganipun | lawan kêndhi pratula | lambarana ta mas adi | sadak rawis gawea dipun akathah ||
18. wadhahana lêlancang mas | sasabana sora-sari | angambila suruh canang | kalawan jambene wangi | sata candhana amrik | dakokna[68] lêlancang iku | watangan cêcêp êmas | sandhingana damar lilin | padam muruh[69] sarta diyanin[70] kancana ||
19. apan iya iku uga | sêsaosaning nrêpati | sanadyan si akathah |[71] para ajar tanah Jawi | datan ana sasami | lan Ajar Cêmara satus | sampun kadi nalendra | datan kawarna ing mangkin | kang kocapa rahadèn [ra...]
--- [f. 46r] ---
[...hadèn] ing lampahira ||
20. sumêngka ing Gunung Kombang | ya ta bingung sang apêkik | lali ing purwa diksina[72] | ya ta dhatêng punang angin | bayu badra gêng prapti | akathah kêkayon rubuh | lesus gêng awor udan | arga munya alyir bêdhil | ngarga lèngsèr udan awu nulya prapta ||
21. pêpêdhute alimêngan | lèpèn ladhu angêbêki | gara-garane kusuma | pêrayangan lawan êjim | samya surak ing ngigil | syaranya lir gunung rubuh | lir pendah langit bêdhah | yèn wonga kadya ngaruhi | lakung suka gènira dhatêngan putra ||
22. pan sampun midêr sakêdhap | rajaputra amirsèki | syaranya gêntha kêkêlyang | nulya apadhang kang langit | mari bingung dyan sigih | pucaking arga kadulu | watên kayu cêmara | satugal pan angukuli | sarta anèng pucake ikang aldaka ||
23. Radèn Sêsuruh ngandika | lah paman baya ta iki | dhepoke ikang palênggah | Ki Ajar Cêmarasatugil |[73] nedha pinarak aglis | nulya sira lumastantun | radyan sarowangira | prapta ing dhepok tumuli | rajaputra sinapa dèn ajar ika ||
24. rahadèn sira bageya | teja sulêksana gusti | ing pundi ikang pinăngka | lan sapa ikang wêwangi | ngêndi sinêdya ngati | Radèn Sêsuruh umatur | lampah kula satindak | kêkêtêg kula sadêmi | eyang kaki măngsa ta batên wikana ||
25. Ki Ajar Cêmaratugal | mèsêm sarya ngandika ris | kaki bênêr ujarira [ujari...]
--- [f. 46v] ---
[...ra] | apa pendahe pun kaki | ana pucuking ardi | kirang pangan lawan turu | amangan barêbêkan | tapa pirang-pirang warsi | yèn tan wruha rajaputra aja lunga ||
26. karane kaki ta sira | mugah pangajaran kaki | adhapur kalah ayuda | lan wangsanira pribadi | sira mugah ing ardi | sira milua dhêdhukuh | nuntumakên badhiyang | apa ta mêngkono kaki | karsanira Radèn Sêsuruh sêmbada ||
27. Ki Ajar Cêmaratugal | mangkya sira muwus aris | lah ta kaki putu sira | aja sira milu nêpi | manira jaga iki | iya nêdya ta ing besuk | lamun sira milua | anêpi watên ing ardi | pasthi cupêt panjênêngan Ratu Jawa ||
28. Radèn Sêsuruh turira | punapa ta eyang kaki | kawula dhatêng lumampah | ki ajar ngandika aris | idhêpên ujar mami | ngetana bênêr mas putu | yèn ana kayu maja | satugal wohnya adadi[74] | nanging pait wohnya tan kêna pinangan ||
29. ing sirah kêpuh punika | dadi alun-alun benjing | pan wus pinasthi ing dewa | marang sira iku kaki | dadi suluh nêgari | tumêka ing anak putu | ing buyutira canggah | satêdhakira ing benjing | wus pinasthi amêngku ing tanah Jawa ||
30. mênawa sira tan wikan | ing jênêng isun puniki | apan dudu yakti ajar | putra Pajajaran mami | arènisun tumuli | iya eyangira iku | kang putra ramanira | ikang pralena binêsmi | purwanisun lunga têka ing nêgara ||
31. kawarta isun ing kuna | yèn putri ayu linuwih | sakèh putri tanah Jawa [Ja...]
--- [f. 47r] ---
[...wa] | datan ana kang tumandhing | sun dhewe kang linuwih | sakathahe para ratu | tanah Jawa anglamar | nanging sun tan arsa krami | nuli isun dinukan ing kanjêng rama ||
32. sun rasa-rasa sêdaya | yèn isun karsa[75] wiyadi | dadya sugal wong atuwa | anulya kesah ing wêngi | saking karaton mami | miyos urung-urung banyu | mijil manjing ing wana | anut iline kang warih | pinggir ardi ikang manira turuta ||
33. ana ta kayu cêmara | satugil gèn isun nêpi | kongsi make iya nyawa | nulya ki ajar asalin | warnanira ing nguni | apan iya luwih ayu | lir widadari kendran | cahyane amindha sasi | gêbyar-gêbyar sarira asor parada ||
34. Radèn Sêsuruh tumingal | ing warnanira sang putri | pan cêngêng wau tumingal | sakêdhap kepyan ing wadi | apan dèrèng amanggih | ing warna kadya puniku | dadya liwung tyasira | lali purwa duksinèki | sang kusuma ing wau karsa ingêmban ||
35. rahadyan kagyat tumingal | sang kusuma angêdohi | dhuh babo arsa punapa | têka gathana-gathini | ambêngkungkên kulambi | lawan nêtêpakên kuluk | sarta pangrungrumira | ragane kepyan ing warni | wong mintokkên munduran arsa tinumbas ||
36. ya ta sira sang kusuma | nulya rupa ajar malih | rahadèn nulya tur sêmbah | sumungkêm pada sang êning | sarta sira anangis | ngaturakên tobatipun | ki ajar lon angucap | iya sun tarima [tari...]
--- [f. 47v] ---
[...ma] kaki | tobatira dhumatêng isun mas nyawa ||
37. pan sampun watêking jalma | kêna ing owah lan gisir | kaki ora amung sira | yayi ta isun puniki | purwa ing nusa jati | nanging dudu manusèku | dening sangêt sun brăngta | dadi mêngko raga mami | yèn kangêmas nanging tan wêruha ika ||
38. kalawan isun winênang | dadi jalu lawan èstri | dadya tuwa lawan anom |[76] luput ing lara lan pati | ing benjang isun mati | ing dina kiyamat iku | dene isun mas nyawa | patêmon lan sira kaki | dudu kene patêmon isun lan sira ||
39. benjang kapanggih lan sira | yèn sira wus dadi aji | amêngku Jawa sêdaya | kalawan isun ing benjing | ngalih saking ing ngriki | Tasikwêdhi nagrinisun | isun jumênêng nata | bala pêrayangan êjim | wus ing kono sun angalih Pamancingan ||
40. sineba sakèh prayangan | lêlêmbut ing nusa Jawi | anulya isun ing benjang | anjênêngakên pêpatih | arya lawan dipati | winduaji lan tumênggung | răngga ngabèi dêmang | pêcaktăndha[77] ăndhamoi | nanging isun angawula marang sira ||
41. benjang anak putuniwang | jumênêng ratu linuwih | dalêm salor Pamancingan | pan kidul Ardi Marapi | mêngku isun ing benjing | angèstupada sirèku | tan kêna sun lênggana | parentahe jalma luwih | nanging isun prajangji kalawan sira ||
42. yèn sira amanggih karya | lah undangên isun kaki | yèn ana sun rakit iwang | pracinanisun yèn prapti [pra...]
--- [f. 48r] ---
[...pti] | dadya kesah musuhnèki |[78] ing sabarang polahipun | pan kalah marang sira | isun uga milu kaki | osikira isun milu marang sira ||
43. lah kaki uwus mangkata | angetana bênêr kaki | jujugên ing lurah rata | iya kaki Singasari | nanging sapăntha mati | lah têguhêna satuhu | radèn amit anêmbah | anungkêmi pada kalih | nulya mangkat ngetan bênêr lampahira ||
44. rahadyan mangke araryyan | sangisoring maja nênggih | amundhut mangke wohira | satugil dhinahar pait | Radèn Sêsuruh angling | lah paman Wiru puniku | apa rane kang wohan | kang manira dhahar iki | Wiru matur punika wowohan maja ||
45. rahadèn malih ngandika | lah paman sapa darbèni | desa punika ta paman | lan ing ngêndi wastanèki | Ki Wira matur aris | kang ara-ara têr iku | wastanipun ing kina | nêgari Ngastina sigih | kang rinêbat dhatêng lêluhur Pandhawa ||
46. milanipun watên kocap | prang bratayuda kariyin | igih nêgara Ngastina | mangke tumut rayinèki | ing Pajajaran sigih | rahadyan ngandika arum | yèn mêngkono ta paman | desa iki sun arani | sun lihakên Majapait aranira ||
47. radèn nulya têtaruka | anandur ka[79] palawiji | agaru[80] maluku dhawak | satêdah dipun lampahi [lampah...]
--- [f. 48v] ---
[...i] | ênêngêna ing makin[81] | kocapa kang anèng Galuh | sira Ki Arya Bangah | nêgarane dèn lurugi | ing sang nata punika ing Pajajaran ||
48. sakawone Arya Bangah | ngetan bênêr gènnya ngungsi | kandhêg anèng Majalêngka | wus kapanggih lan kang rayi | Radèn Sêsuruh uni | anulya rangkul-rinangkul | Radèn Sêsuruh ngucap | lah ta kakang kadipundi | dene dika lumampah kalih wayangan ||
49. tan bêkta tiyang satugal | kakang lampah dika gipih | igih si kados punapa | andika sukaa warti | Arya Bangah lingnya ris | dhapur kalah aprang pupuh | lawan Siyungwênara | ing Galuh wus rusak makin | marmanisun lumayu karo bang-bangan ||
50. make paran karsa dika | isun iki atut wuri | nanging ta Siyungwênara | gunême rêke puniki | katiga ngarêp iki | para yayi kang dèn rêbut | Radèn Sêsuruh ngucap | yèn mêkatên wartanèki | lah ta kakang dawêg samya dhinginan |[82]|
51. alah dawêg linurugan | ing Pajajaran puniki | pan wongira sampun kathah | jangkêp tigang èwu sigih | mring Pajajaran aglis | tan ketang lamining rèku | wau dènira aprang | angrasa tan kêlar nênggih | ya ta kalah wau Sang Siyungwênara ||
52. binoyong wong Pajajaran | binêkta mring Majapait | nulya cinacahkên sira | tiyang tigang èwu mangkin [mangki...]
--- [f. 49r] ---
[...n] | mangke dados sakêthi | pitung lêksa pitung èwu | Ki Nambi lan Ki Bandar | Ki Wira umatur aris | lah ta radèn kawula matur ing dika ||
53. lamun sêmbada rahadyan | andika jumênêng aji | apan mangkèng[83] tanah Jawa | igih tan watên kêkalih | kariyin rama aji | Pajajaran jênêngipun | rusake Pajajaran | mangke Majapait dadi | yakti dika rahadèn dadia nata ||
54. Radèn Sêsuruh narima | ing make jumênêng aji | tumulya Ki Arya Bangah | ingalihakên kêkasih | Arya Panular sigih | Ki Wira jinujung luguh | jumênêng Patih Wahan | Ki Bandar lawan Ki Nambi | pan kinarya mantri dènira sang nata ||
55. lami-lami sri nalendra | darbe putra dèn wastani | Ki Prabu Anom punika | Loringpasar dèn dalêmi | ya ta rêkyana patih | Arya Wahan darbe sunu | jumênêng saudara | tinandur anèng Kadhiri | wus alama sang nata nulya pralena ||
56. Prabu Anom Loringpasar | ikang gêntosi nrêpati | Patih Wahan maksih gêsang | lêstari dadya pêpatih | amamong[84] ing sang aji | ing sabarang karyanipun | ya ta sri naranata | arsa mangke acangkrami | dhatêng wana agêrit[85] banthèng maesa ||
57. sira Patih Arya Wahan | matur dhatêng swri[86] bupati | adhuh gusti sri nalendra | kula ngaturi prakawis | rèhning asêpuh gusti | yèn suwawi
--- [f. 49v] ---
sang aprabu | sampun cangkrama wana | abdi dalêm Majapait | apan dèrèng sumukêm dika sêdaya ||
58. sadaya maksih anglela | pangandikane rama ji | pae si rama panduka |[87] bala sampuning sakapti | mangke pan dèrèng gusti | sumuyud dhatêng sang prabu | benjang gusti cangkrama | yèn wadya sampun aradin | sri nalendra miyarsa ture ki patya ||
59. asru mangke dukanira | sang nata dhatêng ki patih | wadana lir ginaluga | kumêdut padoning lathi | jaja bang lir têmbagi | sarira abyor sêsêmut | kadya amêjahana | tiyang tanpa dosa uni | nulya bubar Prabu Anom sinewaka ||
60. malêbêt ing dalêm pura | wontên kajinêmannèki | tiyang kadipatèn lama | Ujungsabêta namèki | wruh dukane ing gusti | nulya malêbèng kadhatun | tan angage larapan | ingandêl dening sang aji | saba pura ing dalu miwah yèn siyang ||
61. sira Ki Ujungsabêta | matur dhatêng sri bupati | kawula matur sang nata | wau ature ki patih | tampi kawula ngalit | ngèwêd-èwêd sang aprabu | pan sakathahing nata | miwah kang para dipati | datan watên adarbe manah mêngkaka ||
62. kang para mantri sadaya | abdi dalêm Majapait | tanapi kang ratu sabrang | ikang aseba sang aji | maksih cuwa kang ati | tuwuk prang kurang sukèku | rama dika
--- [f. 50r] ---
glis tuwa | suka kang wadya puniki | pan sadaya sami egar[88] manahira ||
63. tutug dènira kasukan | padha mangan nginum iki | suka kang wadya sadaya | samya egar manahnèki | tutug gènnya ngêploki | sakathahe wadya iku | miwah ta ing peseban[89] | akêtêb dipun tingali | dening nata aglarakên[90] dana krama ||
64. awastra kalawan boga | dika têdhakakên mantri | lan tan wontên prang winarna | pangraose mantri sami | nagri mantuk taruni | atulus sarya tinandur | têgal sat dadi lêbak | gunung iring dadi gagi | wong adagang anulus akèh bathinya ||
65. pan sami ngucap sêdaya | lamine ing Majapait | kagêntèn dhatêng kang putra | murah sandhang lawan bukti | tulus kang palakarti | apan mangunah ing ratu | lawan pun Arya Wahan | kariyin adarbe jaji | lawan rama panduka sarêng amuktya ||
66. sarêng lara lawan pêjah | ing mangke maksih aurip | yakti liwat sing sêmaya | durakane kaping kalih | dhingin cidra rama ji | ping kalih băngga ing ratu | datan nuruti karsa | yèn suwawi ta sang aji | punang patih sumaur igih sandika ||
67. sawab dening pun manjinga | ambelani ing rama ji | ing pati amanggih syarga | yèn tan mêkatêna gusti | pêjahe punang patih | yakti duraka tinêmu | apan tan ana yogya | kang angruwata pun patih | ing cidrane igih ta amung paduka ||
68. sang prabu kalakung rêna |
--- [f. 50v] ---
amiyarsa aturnèki | sira pun Ujungsabêta | anulya dèn pêparingi | dhuwung dening sang aji | pun Jakung pacaranipun | anulya Jungsabêta | tinundhung ta sira aglis | ya ta sampun sumurup ikang raditya ||
69. dangu Sabeta tumama | ing kapatihan sira glis | ajêjêp anèng ngiringan | ki patih maksih aligih | kalawan ikang rabi | ki patih ngandika arum | yayi kawruhanira | pan kari sawêngi mangkin | umur isun pinundhut dene ing dewa ||
70. lah nyai anêdha uga | ingaturakên sang aji | sigra anulya binêkta | ing ngabyantara wus prapti | Rêtna Sri Majapait | ing warnane endhang iku | ingilokkên parêkan | ya ta wus alami-lami lami |[91] pan kinarsya[92] sêlir kêkasih ni endhang ||
71. anulya ngandhêg ni endhang | kalawan Sri Majapait | anyidham-nyidham kaworan | ni endhang angayang ngêrik | abêbana sang aji | amothah siyang lan dalu | jaluk gêgêcok mêntah | dhumatêng sri narapati | binanyana[93] nulya sira sinukanan ||
72. risampunira dhinahar | ni endhang nulya angêrik | remanira jatha gimbal | siyunge sacarak sisih | mantuk warnanya lami | gègèr jroning dalêm agung | duka sri naranata | wêtênge dèn êmbat aglis | sira endhang apan arsa pinarjaya ||
73. ni endhang nulya lumajar | mantuk kayangane malih | ya ta jangkêp sangang
--- [f. 51r] ---
căndra | ambabar sang jabang bayi | miyos jalu apêkik | suwarnanira abagus | sanès lan ibunira | winastan Ki Dilah nênggih | ginumatèn dinadah lan dulangira ||
74. sira ta Ki Jaka Dilah | gêngira lir dèn ububi | anulya atakèn bapa | ikang uwa anauri | isun bapaning rèki | tan rêna sang rajasunu | kêdah takèn sudarma | ni rêksasi kewran galih | micarèng tyas dhuh anak isun Ki Dilah ||
75. arsa nora isun warah | mênawa kesah nak mami | sapa kang kelangan putra | ni rêsaksi tumulya ngling | mênênga anak mami | mêngko isun tutur-tutur | iya sira rungokna | ramanira iku gusti | iya uga Brawijaya Majalêngka ||
76. nanging poma anak iwang | aja babar kula gusti | bok pinaido ing jalma | Ki Dilah umatur aris | yèn mêkatên sun iki | kawula ngabdi karuwun | dhumatêng Brawijaya | ni rêsaksi amalangi | aja sira ngawula mring Brawijaya ||
77. mênawa thole ta sira | tan dèn aku mring sang aji | sapa kang kawogan wirang | Ki Dilah umatur aris | suka tan suka mangkin | kawula amêksa ibu | kêdah arsa ngawula | dhatêng ing Sri Maospait | ibunira anangis lir guladrawa ||
10. Dhandhanggula
[Arya Damar krama lan jumeneng nata wonten ing Palémbang. Radèn Patah lan Radèn Usèn késah saking Palémbang badhé suwita dhateng Brawijaya Majapait.[94]]
1. datatita lingira ing nguni |
--- [f. 51v] ---
kang kocapa Ki Dilah tumama | andhepok ing pasebane | kyai patih puniku | Gajahmada ing Maospait | kalane ayun seba | Ki Dilah kadulu | ngalasod[95] anèng pasohan | Ki Apatih Gajahmada anulya ngling | rare ing ngêndi sira ||
2. sira Dilah matur mring ki patih | rare alas tan wruh ing pinăngka | tan kantênan ing wijile | datan wruh bapa ibu | isun iki ikang nusoni | kados ta kidang ika | kang nusoni mring sun | mêrak kang ngêmuli iwang | apan boya duwe manira anênggih | tambang pranteyan iwang ||
3. manira lare alasan gusti | pan kawula sumêdya ngawula | ing Ratu Majapaite | igih arsa sinau | uningaa kang tata krami | sajêg kawula gêsang | pan igih dèrèng wruh | nêgari ing Majalêngka | pratikêle tiyang mrayayi puniki | nênggih karsa kawula ||
4. yèn mêngkono babo anak mami | sun pupu sira sun ambil anak | Ki Dilah alon ature | lakung karsa pukulun | lamun sudi dhatêng wak mami | mangkya sampun binêkta | dhatêng dalêmipun | anulya ing lama-lama | ki apatih amundhut putra puniki | marang wau Ki Dilah ||
5. ênêngêna Ratu Majapait | arsa wau pêpara mring wana | karsa numpu andikane | numpu maesa dhanu | sapi wana kidang myang kancil | karsa wau binêdhag | ki patih anuhun |
--- [f. 52r] ---
yèn marêngi karsa nata | dinamêlkên tumpu garogol ta gusti | punika tur kawula ||
6. Ki Jaka Dilah matur kya patih | aturira lakung marmanira | kalakung nistha jênênge | yèn arsa anênumpu | pênêdipun nênumpu kyai | ngalun-alun sang nata | kawula sumanggup | manira yèn asal[96] wênang | kyai patih matur dhatêng sang nrêpati | suwawi tur panduka ||
7. abdi dalêm pun Dilah ta gusti | sagah wau ikang karsa nata | buron wana sadayane | ngandika sang aprabu | yèn mêngkono konên ta patih | Ki Dilah glis ngandikan | ngayunan sang prabu | hèh Dilah sira miyanga | agiringa[97] buron wana aja kari | kêbo sapi manjangan ||
8. agiringa sato wana aglis | lah dhatêngna ngalun-alun ika | ing ngarsane sang akatong | cundhuk rêsaksi muwus | lah Ki Dilah muliha aglis | isun ikang giringa | marang alun-alun | sakèh buron wana ika | andêlêna biyangira anèng wuri | nuwuki karsa nata ||
9. putranira Ki Dilah nulya mit | sigra mangkat tumamèng nêgara | wus prapta ngalun-alune | Sang Nata Majalangu | risêdhênge sineba mantri | anèng ing pagêlaran | pun Dilah kadulu | ingiring kyèh sato wana | sasam[98] kidang maesa banthèng lan kancil | samya munya sadaya ||
10. yèn jalmaa puniku
--- [f. 52v] ---
pan angling | ngaturakên pêjah gêsangira | sumăngga ing sakarsane | mring natèng Majalangu | sira Dilah nulya turnya ris | hèh sang sri naranata | angandika arum | antuk sakèh sato wana | pan sumăngga sakarsanira sang aji | Brawijaya narima ||
11. nulya mangkat lawan para rabi | samya nitih kang padhati sinang | Ki Jêbad Batri arane | sasam giniring sampun | Brawijaya sukane ngênting | salaminya agêsang | tan adya[99] puniku | kasukanira nèng donya | katingalan Ki Dilah anèng ing margi | suka Sang Brawijaya ||
12. sinakolih[100] Ki Dilah pakarti | yakti sira kinulawesuda | jinujung lungguh mantrine | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nêgari | tanah sabrang Polembang | apan dadi ratu | binêktan wadya salêksa | saking Jawa ingakên putra nrêpati | pan dibya kinasihan ||
13. risampunnya sasmita rumiyin | kang kocapa sira putri Cina | ingaturakên sang katong | mring Raja Cina iku | lakung ayu warnaning putri | yèn ngumbe maya-maya | gêdhah isi madu | upama lamun ajênar | yèn adhahar katon upan-upan sigih | lir widadari kendran ||
14. Brawijaya sukanira ngênting | sinêngkakkên Sang Putri Cina |[101] dadi garwane kang anèm | ing trap pan mulènipun | pramèsyari ing Darawati | garwanira kang tuwa | sihira pan kantun | pramèsyari sigra
--- [f. 53r] ---
mular | nuhun pêgat ulihna ing yayah bibi | pan isun putri Cêmpa ||
15. Brawijaya sigra dènira ngling | ariniwang yèn sira tan arsa | mêmaru putri Cina gèr | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Majapait | Brawijaya nênurat | sarasaning kalbu | kawrat nuwalaning patra | sinungakên marang Gajahmada Patih | tinampan sarya nêmbah ||
16. pan widagja[102] Gajahmada Patih | wus uninga ciptane sang nata | radyan lumampah sira ge | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalanirèki | tinundhung mantuk sira | saking Majalangu | ing Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine cri[103] narapati | wadine kang kinarsan ||
17. sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lawan Arya | Damar sira nulya lèngsèr | saking paluguhipun | Patih Gajahmada sira ngling | hèh Risang Arya Damar | isun pan ingutus | dènira sang naradipa | maringakên garwa dalêm ta sang aji | kang mijil saking Cina ||
18. myang kang layang Prabu Majapait | kinèn nêdhakkên dhatêng ing sira | nulya tinampan sira ge | mring Arya Damar sampun | suratira binuka aglis | adan nulya winaca | pèngêt surat isun | Brawijaya Majalêngka | Arya Damar apan sira sun paringi | risang putri ing Cina ||
19. aja sira ta rowang sarêsmi | lah antinên ing titipan iwang | yèn uwus mijil [mi...]
--- [f. 53v] ---
[...jil] putrane | karsanira puniku | ring sang putri ing Cina uni | puniku garwanira | ayya tahèng isun | saèsthine prayaniwang | apan kawrat anèng patra kang sun tulis | rampung tata titinya ||
20. Arya Damar sigra dènnya angling | lah ki arya make angandika | mring Patih Gajahmadane | lah matura sang prabu | sêmbah kula nuhun ta kami | alami tan alayar | angantosi isun | karsane sang naradipa | rèhning ingong ngawula sri narapati | eman ewuhing lampah ||
21. Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nêgara | prapta ing Majapaite | risang nata kapangguh | Patih Gajahmada tur aris | hèh risang naradipa | isun tuwan utus | dhumatêng pun Arya Damar | maringakên surat kalawan sang putri | anuwun Arya Damar ||
22. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | dyan lumampah palyanira glis | kadya jaran angêrap | ing Palembang rawuh | tumamèng ing ngabyantara | Arya Damar tipan putri wus mijil |[104] ya ta apa wasiyat ||
23. risang putri patutan kêkalih | sami jalu pambayune ika | Radèn Patah jêjuluke | nênggih bêbêktanipun | saking prabu ing Majapait | kala nyidham kaworan | pinisah puniku | sira sang putri ing Cina | patutane lan Arya Damar kêkalih |
--- [f. 54r] ---
Radèn Usèn kang nama ||
24. putra lanang kalih samya pêkik | warnanira netya lir wong kêmbar | apan sami ing baguse | apan diwasa sampun | Arya Damar sira ngling aris | maring sang pramèsyara | mirah arinisun | putranira wus diwasa | yèn sêmbada lawan karsanira yayi | sun jênêngakên nata ||
25. gumantia jênêng isun aji | putranira kang pambayun nyawa | Radyan Patah prayogane | dadia patihipun | Radèn Usèn arining rèki | isun asrah nêgara | magawan wak isun | mumpung isun maksih gêsang | amomonga Radèn Patah dadi aji | nêgara ing Polembang ||
26. pramèsyari ing Cina lingnya ris | alon mojar kakang prabu iya | prayoga ing sasmitane | wadeane[105] tyas isun | maring putranira kêkalih | maksih timur ing wayah | dèrèng usumipun | lamun jumênênga nata | putranira karo sira pan dèn sandhing | ya ta mirsa dêlingnya ||
27. Arya Damar sigra dènnya angling | hèh sang pramèsyari putri Cina | anêngguh-nêngguh ing têmbe | pasthi jumênêng ratu | Radèn Patah nèng nusa Jawi | purwa raja kang Sêlam | sirnèng Majalangu | raja kapir kang tinêtyan | mêngku Jawa sineba ing para aji | Jawa tanpa sisihan ||
28. sadaya-daya jênênga aji | mumpung isun mênangi agêsang | mosa[106] wandea ing têbe[107] | ya ta putra puniku | dadi aji anyakrawati | Radèn Patah punika | ngong trêsna ing
--- [f. 54v] ---
sunu | sun wande dadia nata | gumêntia ing jênêng isun narpati | amêngkua byantara ||
29. pramèsyari putri Cina angling | putranisun sira Radèn Patah | idhêpên rama ujare | sira dadia ratu | mumpung isun mênangi urip | angregol marang sira | yèn dadia ratu | eca gèn isun anendra | lan bukti yèn sira wus dadi aji |[108] gumantia ramanya ||
30. Radèn Patah matur ing rama ji | isun iki lênggana ing karsa | andika dadèkna age | yèn gumantia ratu | dene isun taksih nom iki | dèrèng wruh ing wêweka | wadyanira agung | suka guyu kyèhing wadya | lamun isun gumênti dadi nrêpati | merang jênênging nata ||
31. wong jumênêng ratu dibya luwih | yèn wikan ing ciptanirèng wadya | bala tan wruh sasmitane | marang jênênging ratu | iya iku ratu linuwih | yèn ratu tan mêngkana | nistha jênêngipun | pan yakti wadya sadaya | ngayun-ayun panjênêngan ratu adil | Cina nêgara karta ||
32. sira iki pan durung wruh wangsit | ing nêgara yakti dadi nistha | paguyon wong akèh-akèh | dening wang mudha pugung[109] | yakti awèh surêm nagari | adil pan dèrèng wikan | dadi ara-uru | sagunging wadya sadaya | pan wus wikan mudhanira sang bupati | ngago sakarsanira ||
33. Arya Damar mênêng tan malèni | ing wicaranira Radèn Patah | ya bênêr iku
--- [f. 55r] ---
tarkane | myang pramèsyarinipun | putri Cina tan kêna angling | mirsa ikang wêcana | sira ikang sunu | Radèn Patah pan prayoga | lir wong tuwa sêmune pan wus gumanti | mring kang awèh titipan ||
34. Radèn Patah lalos saking puri | kang tinurut urung-urung toya | sampun miyos byantarane | andarung lampahipun | cipta suci kang dèn turuti | anawang bawani[110] lyan | nirdeya tan ketung | upama lir wonatara | liring-iring[111] jurang ajro dèn lêbêti | tiba nêmpuh ing parang ||
35. mèh raina sêmu bang angrawit | rikan angsa ing wana padhang syang | sata wana myang janggigèr | mêrak padha anguwuh | yèn jalmaa kadya wèh margi | padha tinundha-tundha | asrang paksi ngênu | myang paksi satya wêcana | yèn jalmaa unine kadya ngaturi | rahadyan arèrèna ||
36. pan sadalu radèn tan aguling | yakti lêsah yoga arèrèna | jahnamaning[112] talagane | kadya ladit[113] puniku | kêmbang tamas wul nuta pami |[114] manglung sêdhêng purnama | kusuma suwitang wur |[115] tulèp pandhal lumrah iya |[116] sari iki lir jalma digja[117] awangi | kongas marang rahadyan ||
37. sakèh tal magêng ana ring têpi | ing talaga pan nêdhêng wohira | kyèhnya rutuh[118] lir balange | liman alasan agung | ing taruni magdusning[119] jahni | punika kang dèn balang | yèn jalmaa muwus | rahadyan mênawi raryyan | ing talaga masduning [ma...]
--- [f. 55v] ---
[...sduning] jah mahêning |[120] tan[121] magêng yèn jalmaa ||
38. Radèn Patah rêmên aningali | ing talaga nulya sira raryyan | aligih anèng têpine | kabèh anêdha sampun | wohan alas tinon pan asri | wite sawiji kêmbang | matêng sawohipun | myang nyadham kamaropokan | wohnya runtuh agêlar kêmbangnya wangi | anjrah anèng buntala ||
39. wohnya siji catur dasa warni | kadya ing tyas lir sa dyah kasmaran | rasaning wohnya manise | yèn jalmaa sêsuguh | mring rahadyan dhahara aglis | pangucape mangkana | aglis awoh isun | pangucape kêmbang tugal | padha madhêp muka kêdah dèn tingali | manglung mring Radèn Patah ||
40. kang mandira ramya dèn tingali | kêmbangira kadya sampun nyasya[122] | mapan mandah ing angine | kapya sira anêmpuh | panging adoh soka lir ing ngigil |[123] pan dèn ulah pan juga | pan masah[124] manusuh[125] | pan jroning ni bramaranya | pan kayakan wanodya punika angling | marêp maring rahadyan ||
41. kayu alas kabèh padha wangi | lir kalêmbak myang wraksa cêndhana | masayi adas cêngkèhe | kasturi kayu garu | nagasari lawan kamuning | widasari capaka[126] | lawan pacar dadu | adong[127] bang lan kanigara | myang argulo gambir kalawan malathi | endah sêkar sridênta ||
42. pratalanya lir salaka putih | karikilnya lir manik panminya[128] | căndra katon [kato...]
--- [f. 56r] ---
[...n] myang manike | suryakăntha bra murub | mirah nila pakaja êning | itên[129] myang nawa sanga | ujalanya murub | ing wêngi mulya raina | sa yyang surya ujala manik ta uni | merang maring ujala ||
43. purwa ri agêng kayu kapuring | kulitira tumitis gêtihnya | aputih ika warnane | ing surya katon dhawuh | gêtihira amaratani | ya ta ing idunya pa- | ma kumukus marbuk | mingi gandane akongas | yèn jalmaa kadya manuk sunga isi | gănda ngaubi radyan ||[130]
44. Radèn Patah glis sang maha yêkti | ciptanira lir wraksa cêndhana | dinina dinadar dumèh |[131] pamasulya[132] mrik arum | dening budi wahya wiyati | kesisan roning imba | nirdeya tan ketung | sanetya sêtya susêtya | tilar sakèh gêlah-gêlah tata sukti | brat tyas pasthika maya ||
45. sakathahe buron alas sami | pan makana ta samya lumalya | amirsa maring rahadèn | ing wanatara rawuh | yèn jalmaa padha sira ngling | padha satya ing alas | ngatingal ing ulun | amba angraksa rahadyan | padha rawuh yèn wonga amagêrsari | ngubêngi Radèn Patah ||
46. liman alas sèkêt kathahnèki | mapan kayya narka rêbat karya | apanjang-panjang gadhinge | dening prasamya lancut | apan sêdhêng pinangsah mangkin | ya ta wau tumingal [tu...]
--- [f. 56v] ---
[...mingal] | yèn jalmaa muwus | dening tan age lumayya | ewuh aya mênawa kêna ing gadhing | sami liman lumayya ||
47. prapta liman mêndhêk angadhangi | yèn jalmaa matur mring rahadyan | nulya tumanduk karsane | nuganga[133] gigir isun | lawan singa gajah ngadhangi | lah gusti angancika | marang gigir isun | samya mojar yèn jalmaa | lah suwawi kawula madhêp ing gusti | ing karsane rahadyan ||
48. Radèn Patah umadhêp ing atih[134] | aningali wana kyèh kang syara | miwah wraksanira kabèh | siptanira atrêbu | apan dadya subrăngta ngati | nanging kayu kawuryan | alurus dinulu | tinampanan paman panah | patranira ya endah upama taji | amanah jajaniwang ||
49. Radyan Patah tihikaning Widi | yèn alawas ing saksananira | sampurnane sarirane | subrangtanirèng langut | nulya matur maring Yyang Widi | lah bathara kang mulya | tingalana tèngsun | baya lali duwe wadya | ing jangjine jênênge kawula gusti | tan kenging pisahêna ||
50. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Sang Raja Palembang | Sang Arya Damar namane | tata ing siyang wau | punang cèthi anjrit kapati | kang tugu pasarean | Radèn Patah suwung | murca saking pagulingan | Radèn Usèn miyarsa anjrit lir èstri | tarkanira
--- [f. 57r] ---
wus wikan ||
51. Radèn Usèn lumalyya kapati | andhingini kèhing wong Palembang | dènnya ngulati kakange | nulya manjing wana gung | Arya Damar kagyat ningali | mirsa wong palareyan | tangise gumuruh | sarêng opyak wong jro pura | samya matur dhatêng Arya Damar aglis | putra paduka sirna ||
52. Arya Damar lawan pramèsyari | nulya gupuh ngulari kang putra | dèn gêmêti kadhatone | nyata yèn sirna iku | angulati polahing rèki | dening mangke wus sirna | saking dalêmipun | miwah sajawining kutha | datan watên sampun ingularan ênting | lêpas lampahe radyan ||
53. Arya Damar mijil saking puri | saha bala miwah garwanira | anitih èsthi kalihe | nulya sira tumanduk | jawi kitha pan têpis wiring | padêdesan wus têlas | putra tan kapangguh | malah têka ing sandina[135] | angulati putra karo tan kapanggih | jumênêng Arya Damar ||
54. Arya Damar maring ikang rayi | hèh sang putri ing Cina riniwang | tanayanira rahadèn | karo datan kapangguh | datan owah jangjining Widi | tan kêni rekadaya | pan wus jangjinipun | pinisah yayah lan putra | pirangbara yèn sira sinung kapanggih | ing benjang dina Soma ||
55. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Radèn Usèn [Usè...]
--- [f. 57v] ---
[...n] ika | prapta ing wanatarane | kandhêg ing lampahipun | Radèn Usèn nulya ningali | mangulon ngalor ngetan | kang kidul kadulu | tan ana jalma katingal | Radèn Usèn amènèk kajêng waringin | ya igil tanpa padhang[136] ||
56. Radèn Usèn tumulya ningali | ngetan bênêr sayogya na ika |[137] amulat marang kadange | pigir[138] talaga luguh | Radèn Usèn angling ing ati | nyata ika si kakang | ing paningal isun | yèn isun amaranana | mring si kakang mênawa isun dèn dalih | ingutus dening rama ||
57. yakti kagyat si kakang puniki | manahira anarka maringwang | kinon rama sèngi mulèh | yakti dutaning ulun | Radèn Usèn mudhun mring siti | nulya sira lumampah | pinaliwat sampun | kira-kira sapandurat | têbahira Radèn Patah aningali | yèn ikang rayi liwat ||
58. pan kawiking Radèn Patah sigih | Radèn Usèn yayi marenea | pan isun ana ing kene | Rahadèn Usèn wangsul | amiyarsa kakange angling | ing ngarsane wus prapta | rayinira cundhuk | manêmbah ing kakangira | Radèn Patah nulya sira dèn sukêmi[139] | manangis arinira ||
59. Radèn Patah sigra dènnya angling | adhi Usèn mring di karsanira | Dyan Usèn saur sêmbahe | kakang dinukan isun | dening rama dika sang aji | sun lêng lêngganèng karsa |[140] punika
--- [f. 58r] ---
sang prabu | kinarya patih tan miyan[141] | isun iki tinundhung dening rama ji | kesah têka Polembang ||
60. mangkin iki tumamèng wanadri | tarkaniwang ulun yèn têkaa | anarka mring Jawa age | ngawula Majalangu | Brawijaya digbya ing Jawi | wrata warat sabrang |[142] prandata[143] kang musuh | ambêk sandu[144] palamarta | sarya băngga suta wisesa pan adil | Jawa tanpa sisingan ||
61. Radèn Patah sigra dènnya angling | adhi Usèn mêngkono karsanya | isun milu sira radèn | karsanira sun êtut | ayya pisah adhi lan mami | pêjah gêsang barênga | sira lawan isun | anulya sarêng lumampah | sampun lêpas wau lampahnya lumaris | sira Rahadyan Usan ||
62. Radèn Patah ciptanirèng ati | pan kaparêng lan karsaning Sukma | dhatêng ikang barat gêdhe | mêsês anginnya kumyus | ngaub wraksa bayu bajroni | sêmpal pan kaparapal | runtag kapalupuh | sakèhe wraksa manara | tan antara pun Supala pun Supali | katut dening miruta[145] ||
63. mring gêgana Supala Supali | pan wus madya ya ing Majagatang |[146] saalap-alap gêdhene | lamun sira dinulu | nulya sira salab ngulati | tan antara Supala | Supali gya mudhun | tumiba ing wismanira | sarasane lir ana kasur gêguling | agrah pan kinêpêtan ||
64. Radèn Usèn [Usè...]
--- [f. 58v] ---
[...n] sigra dènnya angling | kakang Patah yèn prayoga sira | payo lunga têka kene | ing pasisir jinujug | ngadhang-adhang juragan sami | mênawi watên liwat | nêdha sami nurut | Radèn Patah kaprayoga | ing ature Radèn Usèn ikang rayi | sigra nulya lumampah ||
65. radèn kalih sangang dina margi | wanatara tan boga tan nendra | angungak gunung ujunge | pasisir pan kadulu | gunung luhur manglung jaladri | ujung pan kahugahan[147] | dening robing ranu | apan asri katingalan | pêpantêse dadya ugyaning[148] abrangti | radèn kalih kacaryan ||
66. ki juragan nulya aningali | ing pigire Gunung Rasamulya | ana wong tapa kalihe | ki juragan amuwus | yèn kênaa lumampah aglis | palyanira alayar | yun marak sang wiku | kang atapa Rasamulya | sun ngabêkti ngaturakên pati urip | nulya obah kang palya ||
67. ikang palya lumampah lir angin | sigra dhatêng Ardi Rasamulya | nulya cinancang pigire | juragan nuli mudhun | dyan sumêngka sira ing ardi | mênggêr panarka mayat | sêdyakêna iku | saciptanira mring radyan | nulya tinon Radèn Patah mring kang rayi | manusup wanatara ||
68. nulya dhatêng bayu badra angin | umyang mêsês anêmpuh ing wraksa | mênawa sêmpal êpange | pokah kayunya êpuh | kaparapal kabèh
--- [f. 59r] ---
rug sami | cinaning jalma prapta | ampuhan angêsut | sigra ki juragan mangsah | wangwang cundhuk kalawan rahadèn kalih | ki jaragan[149] lon mojar ||
69. hèh sang sadu dibya sira kalih | dening wênah marake ha[150] sira | agya ingkang durgamane | Rasyamuka i gunung | parayangan kalawan êjim | yèn ika marakea[151] | dahatira takut | punika asug[152] prayoga | dening kita manup kaya wong kêkalih | ing gira[153] Rasamuka ||
70. lirni baya[154] agung mêmêdèni | kang redaka anèng Rasamuka | muni ika ing guwane | sang wraksanya mrik agung | lan liyanya pisaha iki | myangnya sêdhêngnya galak | angugahi gunung | lintang kagulung ingambah | dening macan kagulung ana ing têrbis | marêngut ikang macan ||
71. Rasamuka agêng ikang galih | gilah-gilah pan kalungka-lungka | mwangkya maloki paluke | molêk akolêk iku | pan kaèlêm maring ning kalih[155] | nulya sira umêntas | kêtêb ikang adus | kalih[156] mênêng nadyan bêna | dening ana gajah lanang tita iki | mandusi ing walahar ||
72. akèh singha sahasaning asri | kang marake pan dadi musuhnya | jalma yèn migah ing kene | selanya pan alunyu | yèn ingidêk lèngsèr karik |[157] yakti jalma anaba | manglung jaladriku | ujung apan kaugahan | robing ranu katingalan apan asri | pantêse dadya ugya ||
73. dening abrangti rahadèn kalih |
--- [f. 59v] ---
kacariyan dènira tumingal | kalakung dening karême | mêngkana ta puniku | ya ta radèn tan arsa margi | Radèn Patah punika | lan kang rayi iku | Rahadèn Usèn punika | lakung brăngta ya ta sira radèn kalih | apan nulya kacaryan ||
74. tatkalane layar pra anèng giri |[158] Rasyamuka tilasèng patapan | inggonan radèn kalihe | ing wraksa aking ngaub | tigang căndra radèn tan gisir | wraksa aking apatra | angaubas[159] sampun | ana juragan alayar | ing samodra baita kandhêg tan gisir | juragan kya kapitan ||
75. ki juragan nulya sira angling | pigiring gunung ing Rasamuka | ana wong tapa kalihe | ki juragan amuwus | yèn kênaa lumampah aglis | palyanira alayar | sun marak sang wiku | kang atapa Rasamuka | sun ngabêkti ngaturakên pati urip | nulya obah kang palya ||
76. dyan lumampah palyanira aris | yèn jalmaa ciptane kang palya | angajak marêk rahadèn | ki juragan amuwus | baya iki karsaning Widi | lah sakèhing badhega | nêdha sami biluk | dinunung ing Rasamuka | tarkaning Yyang mayo marêk ing sang yêkti | kang tapa Rasyamuka ||
77. ikang palya lumampah lir angin | sigra dhatêng Giri Rasyamuka | nulya cinancang pigire | juragan nulya mudhun | dyan sumêngka sira ing ardi | mênga agêpok[160] ika | pan narka myat iku | sêdyakêna iku iya | nulya tinon Radèn Patah mring kang rayi | manusup wanatara ||
--- [f. 60r] ---
78. pan lumintu gènira lumaris | Radèn Patah Radèn Usèn ika | tan etang prigabayane[161] | tansah kalihan wau | ikang rayi anèng ing wuri | siyang lastri lumampah | tan kawarnèng ênu | mèh dukap ikang sinêdya | Radèn Patah kalawan Dyan Usèn nênggih | samya ngusap srinata ||
11. Sinom
[Radèn Patah manjing dados Islam, adhedhekah wonten Bintara. Radèn Usèn suwita dhateng Brawijaya Majapait.[162]]
1. wus prapta ing Surapriga[163] | mudhun ing muara sigih | ya ta wau katingalan | masjid Ngampèldênta igil | wau ikang kaèksi | saking ing muara mugul[164] | Radèn Patah ngandika | adhi apa katon ugi | apa umah yayi ika dudu umah ||
2. apa ta sanggar lagatan[165] | anulya malêbêt aglis | wau ta Rahadèn Patah | lan Radèn Usèn kang rayi | ya ta sampun kapanggih | Susunan Ngampèldêntèku | anèng masjid pinarak | ecaning wiraos sigih | Radèn Patah lan Radèn Usèn sêmana ||
3. angaji wus manjing Islam | antuk ikang barkat sigih | jêng sunan ing Ngampèldênta | laminira tan winarni | Radèn Patah anênggih | lan Radèn Usèn puniku | kandhêg ing Ngampèldênta | ya ta Radèn Usèn nuli | apan matur wau dhatêng ikang raka ||
4. kakang kadospundi karsa | ing jangandika[166] puniki | dening ta sampun alama | kandhêg Ngampèldênta sigih | punapa batên ugi | nutugakên ikang laku | kakang karsa andika | karsa dhatêng Majapait | angawula Sang Aprabu
--- [f. 60v] ---
Brawijaya ||
5. Radèn Patah angandika | lah bênêr ujarmu yayi | nanging ewuh atiniwang | dening ta isun puniki | wus manjing Islam mami | arêp nutugakên isun | angaji gama Ingslam[167] | isun uwis Islam yayi | dadi eman ngawula ing kapir iwang ||
6. Radèn Usèn matur sira | dhatêng kang raka amanis | kadipundi ta ing karsa | ing jangandika puniki | dadya kandhêg ing ngriki | yèn mêkatêna puniku | nadyan rama jêng dika | ing Ngampèldênta puniki | idhêp maring ing Majapait punika ||
7. mapan Islame punika | malah tinêtêpkên nênggih | dènira Sang Brawijaya | sang prabu ing Majapait | sakèh pandhita sami | kakang Islame puniku | watên ing tanah Jawa | Radèn Patah ngandika ris | adhi bênêr ujarira iku iya ||
8. ta bên isun durung arsa | iya angawula mami | adhi yèn sira akarsa | nutugakên dènnya ngabdi | tutugna dhewe yayi | Radèn Usèn sira matur | yèn mêkatêna kakang | kawula sayêkti pamit | gih malêbêt ing Majapait ngawula ||
9. Radèn Usèn sigra kesah | malêbêt ing Majapait | datan kawarna ing marga | wus prapta ing Majapait | ya ta sampun angabdi | tinampan dening sang prabu | wusing alama-lama | Radèn Usèn angsal kardi | ênggènira ngawula pan olih karya ||
10. nulya kinulawesuda | jinujung ikang lêligih | dèn jênêngakên dipatya | ing Têrung balane nênggih | wong salêksa puniki | lakung sihe sang aprabu |
--- [f. 61r] ---
risampune punika | kocapa dera sang kawi | Radèn Patah sêmana anêdha pêrnah ||
11. dhatêng Sunan Ngampèldênta | Rahadyan Patah anênggih | akarsa wau dhêdhêkah | nutugakên dènnya brangti | Suwunan Ngampèl sigih | nulya angandika arum | ngulona bênêr sira | yèn ana alas sirèki | lah wiyakên yèn wangi galagah ika ||
12. iku sira ênggonana | Radèn Patah anulya mit | dèn sasak sakèhing alas | kandhêg gènira lumaris | Alas Bintara nênggih | tanah ing Dêmak puniku | nulya wau winiyak | galagah gandane wangi | nuli wau dhinukuhan Radèn Patah ||
13. nulya nênandur taruka | sawuse ngalami-lami | pan kasusra ing nêgara | yèn dhuku[168] lintang linuwih | sakèh wong dhukuh sami | malah kapirsa sang prabu | ing Majapait ika | sang nata ngandika aris | sapa baya kang dhukuh Alas Bintara ||
14. dipati ing Têrung nulya | matur dhatêng sri bupati | igih sadulur kawula | ikang asêpuh pribadi | sang prabu kagyat ngati | lir sinêndhal manahipun | dene ingakên kadang | mring dipati Têrung sigih | yèn mêngkono alah iku kakangira ||
15. undangên marene iya | isun arêp wêruh
--- [f. 61v] ---
ugi | datan kawarna sêmana | Radèn Patah nulya prapti | ing nagri Majapait | ngarsanira sang aprabu | katingal Radèn Patah | bagus warnane linuwih | sri nalendra anulya mundhut paesan ||
16. sigra ngilo sri nalendra | winawang rupane sigih | wau ta Rahadèn Patah | ya ta kadi ingkang warni | nulya ingakên nuli | Dyan Patah putra sang prabu | pan kinulawesuda | jinujung ikang lêlinggih | dèn jênêngkên adipati ing Bintara ||
17. abala pan wong salêksa | sinamodanakkên mantri | miwah bupati sadaya | tan kawarna sampun lami | anèng ing Majapait | angandika sang aprabu | Adipati Bintara | muliha Bintara aglis | lamun sira kangên marang isun iya ||
18. sabên warsa asebaa | iya maring Majapait | adipati ing Bintara | anaa dhukuh ing rèki | sira gêmahna ugi | poma ing Bintara iku | prihên dadi nêgara | sampun rampung kang wêwêling | nulya pamit tur sêmbah ginuladrawa ||
12. Dhandhanggula
[Ki ageng Tarub krama kaliyan dèwi Nawangwulan, apuputra dèwi Nawangsih. Radèn Bondhankajawan dipun suwitakaken dhateng ki ageng Tarub sinungan asma radèn Lembu Peteng, kakramakaken kaliyan dèwi Nawangsih.[169]]
1. Dipati Bintara dyan lumaris | Radèn Patah tan kawarna marga | sampun prapta ing dhukuhe | Ngalas Bintara wau | pan cinatur sasampun alami |[170] ya ta anèng Bintara | dadi gêmah dhukuh |
--- [f. 62r] ---
dhingin olih ingkang sabda | waliyullah ping kalih andika aji | Sang Ratu Majapura ||
2. adipati ing Bintara sigih | pan sinungan tiyang salêlêksa | ing mangke dadya kêkêthèn | dadi nagri kang dhukuh | ênêngêna kocapa kawi | Sang Prabu Majapura | ngandika mring ujum | miwah jurung[171] tênung ika | juru tabit ana anak putu mami | ing sawuri-wurika ||
3. kang jumênêng kaya isun iki | pan ki juru ujum matur sira | dhatêng sang prabu ature | igih kawula nuhun | watên ikang kados sang aji | nanging putra ampeyan | kantun pitung dalu | cahya tumurun punika | kang anêdhakakên anak putu aji | kang jumênêng punika ||
4. kang jumênêng ratu tanah Jawi | apan igih ta putra sampeyan | anulya samya pinatèn | sakyèh putra kang jalu | atanapi ikang amaksih | watên jroning wêtêngan | rinutuh[172] sadarum | sang aprabu datan arsa | tumuruna nênggih dadi ratu sigih | risampune punika ||
5. ênêngêna gêntia winarni | Ki Gêdhe Tarub ikang kocapa | widadari pan garwane | nênggih Ki Agêng Tarub | mila krama kang widadari | duk marang ing talaga | widadari adus | cinêlêr busananira [busanani...]
--- [f. 62v] ---
[...ra] | pan ing mangke cinatur sampun garbini | sêpuh wawratanira ||
6. sampun dhatêng ing sêmaya lair | jabang bayi pan miyos wanodya | gumilang-gilang cahyane | anglir wulan umancur | rama ibu kalakung asih | duk lumiling kang putra | èsême lir juruh | Ki Agêng Tarub sêmana | asêsugun dhatêng kang atmaja èstri | pan kinulawesuda ||
7. akèh nêtyane kang jabang bayi | sarirane lir mas sinêpuhan | lagya lumiling wayahe | citrane luwih ayu | ingaranan Rara Nawangsih | ikang rama sêmana | kalakung sihipun | atanapi ibunira | lakung sihe dhumatêng Rara Nawangsih | lakung dinama-dama ||
8. sang dyah umatur dhatêng ing laki | pan kawula arsa akesaha | angumbah papok[173] mring lèpèn | apan boya adangu | mung dadanganisun[174] puniki | pêkênira tugua | ing wêwêkas ingsun | lah poma ing pêkênira | pema-pema sampun dika angukabi[175] | ing sapukur manira ||
9. alah nora amêmêkas malih | anauri alah yayi iya | tigalên isun tugune | nulya kesah sang ayu | nyangking papok dhatêng ing kali | wau ta kawarnaa | ki agêng ing Tarub | ikang atêngga dadangan [da...]
--- [f. 63r] ---
[...dangan] | sarwi mamong ing putra kang maksih alit | sambi lêlês sêmana ||
10. Ki Agêng Tarub micarèng ati | rabinisun pan sampun alama | egal si apa lamine | isun kayani pantun | mung salumbung pan ora rêmpid | iya sawabe apa | lakung bêrkatipun | pan isun ora anduga | kyai agêng maksih agarjitèng[176] ati | sarya têngga dadangan ||
11. nora kandhêg sinogonan[177] gêni | Ki Agêng Tarub sampun dilalah | manahira salah gawe | ènthènging astanipun | kang dadangan dipun ukabi | sarêng kêkêb ingangkat | ki agêng ing Tarub | apan ta mangu sêkala | nora linyok amung ta pari sawuli | wau kang dipun êdang ||
12. ya ta nulya kinêkêban malih | ênêngêna kang têngga dadangan | ucapên kang dhatêng lèpèn | ya ta sarawuhipun | meme papoking jabang bayi | bajur dhatêng dang-dangan | gêntosi ing kakung | kang raka mêntas ing wisma | sang dyah ayu ing wau atêngga gêni | ginêlak dènnya adang ||
13. apan sinantêr urubing gêni | wus adangu lakung ing antara | nora sumub dadangane | sang dyah micarèng kalbu | liwat saking adade lami [la...]
--- [f. 63v] ---
[...mi] | dang-danganisun iya | asuwe tan sumub | nora talah-talah iya | salah gawe wong lanang kang tugu gêni | sun wêtara kewala ||
14. dang-danganisun dipun ukabi | dening têka anglirakên wêkas | ing make sun tilikane | nulya kêkêb jinunjung | apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | iya nora luput | ujar isun silih apa | adhuh lae baya-baya wus pinasthi | isun pisah lan sira ||
15. dening têka anglirakên wêling | mandahane aja dèn wêkasa | mundur têka salah gawe | sang dya[178] ayu amuwus | lakinira dipun takoni | ki umah pêkênira | baya gagung-gagung[179] | ing wau sapukur iwang | pêkênira baya angukab-ukabi | ing dang-dangan manira ||
16. ya ta ki agêng alon nauri | isun ora ngukabi dang-dangan | sang rêtna ayu wuwuse | garoh têmên aganggu | salah gawe para puniki | ngêndi ana wong lanang | iya nora patut | têka ngukabi dang-dangan | alah iya ki umah sampun pinasthi | isun kalawan sira ||
17. awêkasan nora apêpanggih | pêkênira kalawan manira | sampun sêmantên jangjine | dipun abêcik kantun | mung sawiji manira titip |
--- [f. 64r] ---
ing anak pêkênira | ing sapukur isun | sampun para siya-siya | pan manira asal saking widadari | pan isun kamanusan ||
18. isun mangke kamanusyan malih | iya saking tikah pêkênira | banggi ta sampun takdire | kakung tan kêna muwus | sakalakung ngungun kapati | kaya dèn tututana | budine kang luput | alês[180] sarirane lupa | dening garwa ing manah asêmu runtik | gêgêtune sawarsa ||
19. sangêt gêlane sang liring sari | apan beda lawan saban-saban | owah sakalir barange | wus adoh manahipun | kawarnaa ing lami-lami | ical kasêktènira | tan kadi karuwun | sangêt dènnya kamanusyan | sakalire owah kalawan rumiyin | Dèwi Anawangwulan ||
20. kalampahan nênggih sabên enjing | angratêngi sêkul lawan ulam | jamak-jamak lan wong akèh | katêkanan anutu | nora pêgat ing sabên enjing | awêkasan wus têlas | kang pari salumbung | apan ta sampun alama | awêkasan punang kulambi kapanggih | anèng ing dhasar pisan ||
21. sang dyah ajêngêr[181] tan kêna angling | saya sangêt dènira rudita | kaya ginugah dukane | nora sangsaya lipur | saya katon cidraning laki |
--- [f. 64v] ---
mila saya asusah | dukane sang ayu | angundang dhatêng ing priya | lah ki umah manira apamit mulih | pêkênira karia ||
22. mênawa rare iku anangis | para gawèkêna pêpagungan[182] | apan ta puniku rare | alit maksih anusu | milanipun kalamun nangis | ugahêna pagungan | mêrang kêtan wulung | lah sira para obonga | soring pagung dening manira nuruni | iku wêwêkas iwang ||
23. kakungira wuwuse mlasasih | adhuh gusti gèn isun ngawula | kalamun ana sisipe | lah apuranên isun | benjang malih amêmarèni | sapa ikang wêlasa | dhatêng awak isun | pasthi kari kawlasarsa | lamun sira wong ayu prasida mulih | lah isun patènana ||
24. lamun isun yayi wus ngêmasi | alah tilarên sakarsanira | tan uninga sawurine | tan bisa isun kantun | lamun sira tilara yayi | pasthi sun kari pêjah | brăngta ing sang ayu | kayaparan putranira | lamun sira yayi prasida amulih | atakèn marang sira ||
25. nora bisa manira ta yayi | amomonga maring putranira | punapa ênêng-ênênge | pan iku maksih nusu | kayaparan tikah sun yayi | angling rêtna juwita | yèn arsa anusu | ugahêna papagungan | dene mênêng si rare lamun anangis | têka sira tăndhaa ||
26. pangraose isun [isu...]
--- [f. 65r] ---
[...n] nora kêni | apan uwis padha ujar pisan | amunga sêmene bae | ya ta Ki Agêng Tarub | waspanira tan pêgat mijil | ningali ikang putra | tinilar ing ibu | angling sang rêtna juwita | lah ki umah manira amit atitip | ing putra pêkênira ||
27. sang rêtna sampun ngrasuk kulambi | arsa mulih mring kayanganira | anyandhak mêrang sagèdhèng | sang dyah ayu tumurun | kakungira wau ningali | sang dyah pinarêpêkan | akarsa sinambut | sang rêtna sampun prayitna | dupi pêrak kusuma yu angigati | mêrang sampun ingobar ||
28. ya ta anurut urubing gêni | Ki Agêng Tarub wau akarsa | anututi ing garwane | cinandhak-candhak luput | sang dyah ayu datan anolih | wus muluk angambara | silêm tan kadulu | sang kakung kari agana[183] | tanpa jiwa nanging garwane kaèksi | kang manah drang kayangan |[184]|
29. ikang putra wau dèn sukêmi | waspa mijil sira ingusapan | kang putra ngaras êmbane | dhuh nyawa putranisun | anglampahi kawêlasasih | lah paran polahira | yèn arsa anusu | anèng ngêndi biyangira | ya ta emut ingkang putra lamun nangis | winêling marang garwa ||
30. wêwêkase nulya dèn lêkasi | wêtarane mangke kayu
--- [f. 65v] ---
gêtas | nênggih lêlima kathahe | ikang kinarya panggung | tan antara anulya dadi | luhuring pêpagungan | mêrang kêtan wulung | sinaosakên ing ngandhap | arsa nusu ikang jabang bayi nangis | sinambut dening rama ||
31. binakta migah kang jabang bayi | wus sinèlèhakên pêpagungan | nulya tinilar putrane | mudhun Ki Agêng Tarub | ikang putra sangêt anangis | ya ta sampun ingobar | mêrang kêtan wulung | ya ta aglis tan antara | ikang ibu cinarita anuruni | nêsêpi ikang putra ||
32. kèndêl wau gènira anangis | Ki Agêng Tarub eca kang manah | kang putra kèndêl tangise | jabang bayi atutut | sampun wau gènnya nêsêpi | ikang putra tinilar | angambara sampun | dhumatêng kayanganira | pan sapisan panêsêpe jabang bayi | sabên dina mêngkana ||
33. datan arsa anusua malih | iya amung sapisan kewala | sabên ing wayah têngange | lare alit atutut | kawarnaa sampunnya lami | jabang bayi punika | tan arsa anusu | agêlis agêng walagang | wus sinapih wau Ni Rara Nawangsih | awayah sêsapinghan[185] ||
34. wus katawis yèn ayu linuwih | suwarnane sang rêtna winawang | nora adoh lan ibune | sêmana wayahipun | lagya jêpên wau atapih | lagi pangrusak [pangrusa...]
--- [f. 66r] ---
[...k] taman | mêngkana winuwus | wau ta ikang kocapa | putranira Brawijaya Majapait | nanging kocap sinampar ||
35. ginadhahakên[186] ing juru sabin | winastan Radèn Bondhankajawan | pan dawêg pangèn wayahe | umur sadasa taun | cinarita purwanya dhingin | duk lagi durung ana | Radèn Bondhan iku | Brawijaya Majalêngka | duk agêrah rajasinganên narpati | tan kêna sinewaka ||
36. duk asare kala anaritis | alêlèmèk gadhong[187] rudamala | bata sarimbag bantale | watên syara karungu | mring sang nata ing Majapait | ujare punang syara | hèh iya sang prabu | arêp ta sira warasa | sakitira kang rajasinga nrêpati | asarea lan Wandhan ||
37. sira tugala sare sarêsmi | dening nuli ilang sakitira | iku dadi têtambane | ilang sakite sampun | Brawijaya ing Majapait | pèngêt ujaring syara | ya ta sang aprabu | angartika jroning nala | alah ngêndi ana Wandhan kang prayogi | emut Sang Brawijaya ||
38. yèn ana parêkan Wandhankuning | apêparab Ni Driyasakara | mung sirik bontit remane | warnane luwih ayu | sarirane lir mas sinangling | ikang darbe parêkan | nênggih ni mas ratu | Dyariwati[188] ikang nama | putri Cêmpa punika purwane dhingin | kang garwa Brawijaya ||
39. Ni Wandhankuning punika putri | binayong dhatêng
--- [f. 66v] ---
Sang Prabu Cêmpa | duk nagri Wandhan bêdhahe | punika milanipun | ya ta nuli Ni Wandhankuning | sêmana ingandikan | dhumatêng Sang Prabu | Brawijaya Majalêngka | duk asare kalawan Ni Wandhankuning | apan ta sacombana ||
40. kagêm sapisan ical kang sakit | Ni Wandhankuning anuli wawrat | sampun dhatêng sêmayane | lair kang putra jalu | ginadhahkên ki juru sabin | iku purwane kuna | kandhane karuwun | Rahadèn Bondhankajawan | ikang putra Brawijaya Majapait | patutan saking Wandhan ||
41. ucapên wau ki juru sabin | ikang amupu raja pinutra | sakalakung sih lulute | dhatêng sang rajasunu | atanapi wau kang èstri | maring Rahadèn Bondhan | sihira kalakung | kadi putra gènnya yoga | ya ta wau angucap ki juru sabin | maring rubiyahira ||
42. isun arsa ngaturakên pari | tukulêna anak pêkênira | iya hèh dadi bandhane | agung gawe kilayu | pan sok milu marang ing kami | apan tan kêna pisah | anjalma lan isun | mumpung lagi adêdolan | tukulêna saksana ki juru sabin | dadine nulya mangkat ||
43. maring kutha ngaturakên pari | anak putu kinêrig sadaya | samya amikul pantune | apan sakathahipun | para sanak samya kinêrig | dhatêng ki juru sawah | maring Majalangu | kawarnaa
--- [f. 67r] ---
Radèn Bondhan | ikang kari takèn bapa juru sabin | dhuh nyawa ramanira ||
44. maring pura ngaturakên pari | nora suwe agèr nuli prapta | Rahadèn Bondhan ujare | biyang isun anungsul[189] | mring si bapa marang nêgari | angling ni juru sawah | lah aja anusul | agèr gustine pun biyang | apan adoh paseban saking ing ngriki | lan sapa rowangira ||
45. ya ta anulya kesah tumuli | wau sira Ki Bondhankajawan | nusul mring kitha parane | tan kawarna ing ênu | Radèn Bondhankajawan prapti | nênggih ing pagêlaran | kang wong kagyat dulu | rare ana pagêlaran | sabature wau ta ki juru sabin | yèn anake kang prapta ||
46. alendhotan pundhak anèng wuri | alon angucap ki juru sawah | adhuh anak isun anggèr | pêgene sira nusul | Radèn Bondhankajawan angling | lah arsa maring pura | anatab gong isun | aran Ki Sêkardalima | lawan malih siyabang găngsa satugil | punika duwèniwang ||
47. atêbah jaja ki juru sabin | alah aja gusti dadi apa | sira nyawa wêkasane | amatèni maringsun | lawan sira manggih bilahi | radèn ginagendholan | pinêjang ing sikut | ki juru sawah kalumah | nora kandhêg ki jaka malêbèng puri | Radèn Bondhankajawan ||
--- [f. 67v] ---
48. atembak tiyang atêngga kori | apan datan ana kang uninga | Radèn Bondhan duk liwate | ya ta radèn aluguh | mugèng wau ing bangsal alit | pagonane[190] gamêlan | anulya tinabuh | găngsa pun Sêkardalima | lan Ki Kêbagogong[191] tinabuh tinitir | kagyat sri naranata ||
49. ya ta Brawijaya Majapait | wêdana brit pan awinga-winga | kumêjot padon lathine | angandika sang prabu | dhatêng wau niyaga èstri | lah sira pariksaa | sapa ikang nabuh | gong isun Sêkardalima | nulya mangkat niyaga èstri kêkalih | lampahe sigra-sigra ||
50. găngsa maksih tinabuh tinitir | niyaga èstri anulya prapta | ningali yèn ana rare | găngsa ikang tinabuh | sarya ligih ing kathil gadhing | sarwi anabuh găngsa | èstri kalih muwus | Rahadèn Bondhankajawan | tinakenan dhatêng niyaga pawèstri | bocah ing ngêndi sira ||
51. dene têka sira wani-wani | anabuh găngsa dalêm wasiyat | baya sira wus untunge | pinatèn mring sang prabu | bosên sira lare ya urip | lah mara angakua | ing ngêndi umahmu | angling Ki Bondhankajawan | pan manira anake ki juru sabin | si bapa anèng jaba ||
52. isun nabuh găngsaku pribadi | lah matura marang sri nalendra | anabuh gong isun dhewe | ya ta prasamya mundur | sakathahe [sakathah...]
--- [f. 68r] ---
[...e] niyaga èstri | umatur mring sang nata | kawula pukulun | igih sampun kapariksa | kang anabuh găngsa kagêngan narpati | asanggup tinakenan ||
53. yèn anake gusti juru sabin | igih wau wêtawis kawula | dawêg sapangèn wayahe | asanggup bapakipun | juru sabin watên ing jawi | sang nata amiyarsa | ya rasaning kalbu | ical sakathahing duka | ya ta mèsêm Brawijaya Majapait | ngandika mring parêkan ||
54. alah sira timbalana aglis | bapakane inya juru sawah | iya dèn kêbat marene | parêkan sigra mêtu | animbali ing juru sabin | kapanggih anèng jaba | gêtêr manahipun | parêkan anulya ngucap | lah anêdha dèn kêbat ki juru sabin | pêkênira ngandikan ||
55. ya ta agêpah ki juru sabin | ingandikan prapta ing ngayunan | konjêm ing siti mukane | angandika sang prabu | anakira malêbu puri | apa ta baya sira | kang akon malêbu | umatur pun juru sawah | sarwi nêmbah pukulun batên udani | sang nata angandika ||
56. apan norana yogane malih | maranana maring anakira | sira undanga marene | amit tur sêmbah sampun | pan agêpah ki juru sabin | anake dipun undang | katêmu aluguh | wau anèng sitibêntar | nulya angling sira wau juru sabin | lah sira ingandikan [ingandi...]
--- [f. 68v] ---
[...kan] ||
57. dening Brawijaya Majapait | alah payo gusti dèn akêbat | aja sira salah gawe | kae turutan isun | nulya kering mring juru sabin | wus prapta ing ngayunan | sang nata andulu | dhatêng Ki Bondhankajawan | lakung jêngêr Brawijaya Majapait | abagus putraniwang ||
58. angandika mring ki juru sabin | sapa rane anak pêkênira | ki juru sawah ature | punika sang aprabu | pan abêkta wasta pribadi | Radèn Bondhankajawan | mèsêm sang aprabu | dangu-dangu angandika | Brawijaya dhumatêng ki juru sabin | marenea sun wêkas ||
59. anulya marêk wus prapta ngarsi | binisikan dhumatêng sang nata | alah wruhanira têmbe | Majapait wus sêpuh | mila sira isun poyani | lawan pindhone iya | sira isun utus | iya Ki Bondhankajawan | lungakêna saking kutha Majapait | juru lah wruhanira ||
60. êmèh risak kitha Majapait | anakira Ki Bondhankajawan | sira lungakna dèn age | apan isun karuwun | duwe sanak sutane siji | apan arane iya | ki gêdhe ing Tarub | têka srahêna ing kana | anakira dene ika anampani | marang sêmu manira ||
61. alah măngsa bodhoa kiyai | ing Tarub ika apan wong tapa | wus wikan ing sadurunge | dipun kêbat [kêba...]
--- [f. 69r] ---
[...t] ing laku | sira kaya nora mênangi | bêdhahe Majalêngka | lan wirayat isun | apan iya wus wêkasan | nora liyan kang bêdhah ing Majapait | maksih roh isun dhawak ||
62. matur anêmbah ki juru sabin | sapa sitên purun ing sampeyan | pan ratu nyakra têgêse | ing sabrang sami têluk | sohan dhatêng ing Maospait | miwah ing tanah Jawa | sadaya kawêngku | Brawijaya angandika | pan wus mingêr jagat sareyat asalin | mila sira sikirna ||
63. ing benjang iya ikang malêsi | anakira Ki Bondhankajawan | iya saturun-turune | ing rat jagat kawêngku | datan ana ing nusa Jawi | putranira Ki Wandhan | kang aduwe turun | lah uwis sira lungaa | lah gawanên anakira juru sabin | nuli sira mangkata ||
64. binaktanan dhuwunge kêkalih | wau Ki Jaka Bondhankajawan | mring rama nulya ingangge | ya ta sigra tinundhung | atur sêmbah ki juru sabin | Radèn Bondhankajawan | ya ta atut pukur | ing bapa ki juru sawah | nuli mêdal sêmana saking jro puri | lêstari lampahira ||
65. ya ta abanjur ki juru sabin | kalawan Radèn Bondhankajawan | datan mantuk mring wismane | padhekahan ing Tarub | wau ikang sinêdya ngati | ya ta sampun atêbah | saking Majalangu | aliwat ing wana gawat | pan akathah [aka...]
--- [f. 69v] ---
[...thah] têtiyang angadhang margi | Radèn Bondhankajawan ||
66. kang abegal[192] wau ngadhang margi | Radèn Bondhankajawan pinêksa | iya jinaluk dhuwunge | Radèn Bondhan tan asung | tan antara dipun larihi | radèn pan nora pasah | nulya narik dhuwung | ginoco walikat kêna | kapisanan kang bêbegal angêmasi | dhuwung pugêl sabêras ||
67. kantun têtiga maksih nuduki | nulya cinandhak ingadu kumba | tiga sarêng ing pêjahe | Radèn Bondhan amuwus | asêngara ing wuri-wuri | aja na angagea | anak putunisun | dhuwung awak-awak waja | marmanipun saturune datan kêni | iku purwane pisan ||
68. lêstari wau gènnya lumaris | Radèn Bondhan kalih juru sawah | angalor ngulon puruge | tan kawarna ing ênu | ênêngêna ikang lumaris | ya ta ikang kocapa | ki agêng ing Tarub | ikang tinilar ing garwa | pan atigal putra pawèstri satugil | dadya wêding[193] wêrdaya ||
69. pan lagya wayah rumaja putri | midêr ing rat mangsa si antuka | kadya ni rara warnane | lir kang ibu anurun | warnanira Rara Nawangsih | pantês ikang nuruna | ikang para ratu | kang rama aris angucap | anak isun sira Ni Rara Nawangsih | lah sira têtêbaha ||
70. agêlara[194] kêlasa lan lampit | alah mara rara dèn akêbat [a...]
--- [f. 70r] ---
[...kêbat] | sira asaosa jambe | mêngko ana têtamu | tur kusuma ikang satugil | kalawan juru sawah | mas rara dèn gupuh | nulya wau agêgêlar | tan antara têtami kêkalih prapti | anèng ing palataran ||
71. Ki Agêng Tarub nulya ngacarani |[195] lah ing kene para aligiha | ki juru nuwun ature | radèn lênggah ing pukur | kang nèng ngarsa ki juru sabin | sampun sinungan mucang | wus dangu aluguh | umatur ki juru sawah | pan kawula puniki ingutus gusti | amarêk ing panduka ||
72. ikang wêling Prabu Maospait | ikang putra katura sampeyan | igih punika warnine | angling Ki Agêng Tarub | alah igih ki juru sabin | pêkênira tilara | kaki rajasunu | manira sampun aduga | pasêmone Brawijaya Majapait | wus anèng ing manira ||
73. wus sinambrama wau juru sabin |[196] nulya amit wau atur sêmbah | lèngsèr saking ngayunane | kyai agêng ing Tarub | saukure[197] ki juru sabin | Radèn Bondhankajawan | aligih tumukul | Ki Agêng Tarub ngandika | lah ki êmas karasan sira ta gusti | ana ing padhukuhan ||
74. iku sadulurira pawèstri | kawlasarsa tinilar ing biyang | siji tan ana tugale | iku karyanên dulur | apêparab Rara Nawangsih | sira sanake lanang | sang rêtna inguwuh | rara sira marenea | iki uga sanakira lagi prapti | têka ing pangumbaran [pangu...]
--- [f. 70v] ---
[...mbaran] ||
75. amituhu Ni Rara Nawangsih | ing wuwuse wau ramanira | wantunipun maksih rare | sêmana wayahipun | apan lagi rumaja putri | dèrèng wruh sibasipta[198] | kusumane ngayu | dèrèng kêkêmbên sêmana | milanipun bangut[199] turut kang wêwêling | ing saujaring rama ||
76. ya ta alulut Dèwi Nawangsih | dhumatêng Radèn Bondhankajawan | apan ta kakang basane | tugal rama lan ibu | pangrasane Rara Nawangsih | mila kusuma rara | rumakêt sadulur | tan ana rasa-rumasa | dhasar maksih alit sinungan wêwêling | yèn iki sanakira ||
77. Ki Agêng Tarub ngandika aris | sira radèn sun alihkên aran | saking karsanisun dhewe | aranira karuwun | pan Ki Bondhankajawan uni | isun alihkên nama | lamun sira sarju | Ki Lêmbu Pêtêng ta sira | aranira rahadèn anuwun kang sih | tan lênggana ing karsa ||
78. cinatur wau sampun alami | Rahadyan Bondhan pan sampun karan | Ki Lêmbu Pêtêng namane | kyai agêng ing Tarub | kadya putra gènnya ayogi | pan nora sêla-sêla | ki agêng ing Tarub | gènira adarbe putra | dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng anglakungi | gènnya amrih dadosa ||
79. dhasar wong tapa tingale sidik | sampun dèn ingêr nênggih kang jagat | pan ora samar tingale | milanira lêstantun | ing sasolah wus angsal wisik | wong sampun kautaman | ki agêng ing Tarub | anadene [anade...]
--- [f. 71r] ---
[...ne] ikang putra | Radèn Lêmbu Pêtêng tansah dipun wisik | satikah polahira ||
80. rahadyan lakung anuwun kang sih | apan nora lênggana ing karsa | anglampahi ing sapakèn | sampun masud aguru | rajaputra ing Majapait | ênggone muruk ika | ki agêng ing Tarub | kang akèn amangun tapa | kinèn nyambi gaga lawan punang sabin | wêranane kang tapa ||
81. Rahadèn Lêmbu Pêtêng winarni | sadina-dina anèng pagagan | anandur karêmênane | akathah kang tinandur | ing pagagan dinulu asri | apan mawi kiriman | mantuk-mantuk surup | lagi karêm saba têgal | pangandika wau ikang dèn lampahi | sabên dina mangkana ||
82. kawarnaa Ni Rara Nawangsih | angajêngakên birai sandhang | apantês salêlewane | sangsaya wibuh ayu | lan kang ibu nora kêkalih | lir satu lan rimbagan | warnane dinulu | apan dawêg turun pisan | Ni Nawangsih ikang ibu widadari | ikang rama manusya ||
83. saya angajêngakên birai | apan kadi gambar wêwangunan | datan tumandhing warnane | yèn kinawi ing kidung | kirang papan lakung ing warni | tan ana winaonan | warnane sang ayu | kadi ta jumantên mulya | sarirane gumilap lir mas sinangling | tansah gawe wigêna ||
84. Ki Agêng Tarub ngandika aris | lah kirimên babo kakangira | apan wus awan wayahe | sang dyah ayu mituhu | wus adangdan [a...]
--- [f. 71v] ---
[...dangdan] Rara Nawangsi[200] | lan sagêgawanira | sampun bêkta sumbul | sarta lan ulame pisan | anadene asta kiwa nyaking[201] kêndhi | ikang têngên pawohan ||
85. kawarnaa kang anèng ing têgil | Radèn Lêmbu Pêtêng wus uninga | kalamun prapta arine | nulya amêntas gupuh | gêgawane dipun tanggapi | pawohan kang binêkta | tuna dukap runtuh | luput kang punang pawohan | gènnya nêkêl[202] kêna astane kang rayi | sang dyah ayu garjita ||
86. panyêkêle têka mambu ati | si kakang owah kalawan saban | pan iya kadingarène | anyêkêl astansipun | panyêkêle têka nêmêni | katingal nora suda | tan kaduga isun | kaya wong aduwe sêdya | ngêndi ana wong duwe sadulur èstri | bêlèh si wong aliyan ||
87. nora dèn uculakên tumuli | dudu panyêkêle wong sêsanak | kaya wong ana karsane | sang dyah alise putung | jroning manah asêmu runtik | pan katara ing nêtya | ulate arêngu | arum wijiling wacana | ya pêgene têka pati cêcêkêli | kakang watên punapa ||
88. dening têka angowah-owahi | kawula kakang datan kaduga | apa rika wuru gênje | isun dèrèng angrungu | wong aduwe sadulur èstri | tikahe kaya rika | nora angon sêmu | kaya wong mêndêm waragang | sasar-susur têka pati cêcêkêli | pêgene kaya rika ||
89. Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | sabdanya rum anglir
--- [f. 72r] ---
guladrawa | gusti gèn isun angèngèr | aja runtik wong ayu | wus jamake ing wong aurip | apaguyon pêrnesan | wong duwe sadulur | ana sêsikune apa | wong kêkadang kadêr sinêdya punapi | wong duwe saudara ||
90. ya ta kakange dèn paleroki | mandah silih dadia wanodya | dene akathah gandêse | pan tingal têrusipun | iya tingal têrusing ati | duk para nêkêl asta | ngong wrat tingal kalbu | dudu panyêkêle sanak | lamun liya sangsaya angêtarani | ulate nora sêdya ||
91. wêcanane bisa amèt ati | ana apa ta wong akêkadang | apêrnesan wus pantêse | pan iya nora patut | bulèh dhingin duk maksih alit | pan mêngko wus diwasa | mila nora patut | para uga sun wêtara | ujar uwis wêruh ing duga prayogi | dening sampun atuwa ||
92. Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | isun wau anyêkêli asta | pan iya isun kalalèn | saking gupuh kaliru | tuna dukap ingsun nanggapi | pawohan tuna lêpat | aruntuh kaliru | mila dadi nêkêl asta | apuranên saking gupuh isun yayi | pan nora sun têmaha ||
93. sang dyah angling kakehan kêkêlir | sajatine dhasar katêmaha | akèh-akèh pawadane | sagupipun kaliru | pan apadhang bulèh ing wêngi | lah malihe pawadan | saking gupuhipun [gu...]
--- [f. 72v] ---
[...puhipun] | kadêr ta age punapa | saya katon sira angarah sayêkti | i wong kinarya kadang ||
94. isun ginawe sudara èstri | têmên-têmên yèn manah manira | ing lair têkèng batine | nanging ing manah isun | basa sanak sadulur uwis | ing dunya ing dêlahan | isun karya tugul[203] | sadulur tuwa tur lanang | ya ta Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | bênêr têka ing sira ||
95. iya uga isun ikang sisip | nanging baya jamake kawula | lali kalalèn duwene | wau isun andulu | maring para sakêdhap lali | nora kemutan pisan | yèn duwe sadulur | pangrasanisun wong liyan | ayunira yayi wau kang kaèksi | tan emut lamun kadang ||
96. ing mangke mirah isun wus eling | marang sira yèn sadulur iwang | sang rêtna ayu wuwuse | datan kêna ginugu | wicarane mêmanas ati | jatine uga ala | wong amurang laku | wêruha yèn para ala | supayane manira gêlêma ngirim | ing wong kambali[204] sora ||
97. pasthi isun matur mring kiyai | yèn mêngkono kakang polahira | rahadyan mèsêm saure | karsanira wong ayu | apawarta dhatêng kiyai | ya ta kusuma rara | anulya glis mantuk | sapraptanira ing wisma | nulya matur sira Ni Rara Nawangsih | dhumatêng ikang rama ||
--- [f. 73r] ---
98. kawula wau rama angirim | mring kakang Lêmbu Pêtêng punika | rama awon piyakahe[205] | sagupipun sadulur | nanging ujar kinarya lamis | igih rama kawula | eram sarêng rawuh | cinandhak asta kawula | ikang rama gumujêng sarwi nauri | apa nyata mêngkana ||
99. balik panyêkêle kadipundi | nora uninga aduwe kadang | marang sira panyêkêle | ikang putra umatur | panyêpênge amambu ati | upami ladènana | awon tikahipun | ikang rama angandika | alah kaya lamun mêngkonoa nini | Ki Lêmbu Pêtêng uga ||
100. wruhanira lawan sira nini | sajatine apan ta wong liya | sanak pêpanggihan bae | wus aja sira tutur | lah sigêgên aja na warti | saujare kang rama | sang rêtna anurut | ya ta ikang kawarnaa | Radèn Lêmbu Pêtêng ikang saking sabin | sarêng surup praptanya ||
101. anèng pagagan kalaning wêngi | Ki Lêmbu Pêtêng datan apisah | tugal kalawan gurune | kyai agêng ing Tarub | anèng dhepok siyang myang latri | samerade kang garwa | ki agêng kêkuwu | anèng dhepoking pêrtapan | mung kang putra sang rêtna wau Nawangsih | ikang sare ing wisma ||
102. ya ta datan kawarnaa latri | enjang pinanggihakên sêmana | apan wus pasthi jodhone | nimas rara ing Tarub [Taru...]
--- [f. 73v] ---
[...b] | lawan putra ing Majapait | Lêmbu Pêtêng kang nama | pan sampun katêmu | sadaya age panggiha | sang rêtna yu ya ta sampun apêpanggih | lawan putra pukuran ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.40. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: akrama sampun nulya pêputra. (kembali) |
3 | Mundhingsari (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.40, Pupuh 6.1.3). (kembali) |
4 | Mundhingwangi (dan di tempat lain). Bandingkan: Mudhingwangi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.40, Pupuh 6.1.5). (kembali) |
5 | mungkasi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.40, Pupuh 6.1.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 11.1.8). (kembali) |
6 | nrêpati (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | gunggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.40, Pupuh 6.4.6). (kembali) |
8 | dandan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.41, Pupuh 6.10.1). (kembali) |
9 | cantrik (dan di tempat lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 11.14.5). (kembali) |
10 | malêbêt. (kembali) |
11 | anggêntosi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.41, Pupuh 6.16.5). (kembali) |
12 | goragadha. Bandingkan: gorakatha (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.41, Pupuh 6.17.4). (kembali) |
13 | apunggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.41, Pupuh 6.17.4). (kembali) |
14 | mathingkrik. (kembali) |
15 | amêthanthang. (kembali) |
16 | sumingkir (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.42, Pupuh 6.20.9). (kembali) |
17 | andangu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.42, Pupuh 6.23.1). (kembali) |
18 | ribêd (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.42, Pupuh 6.23.7). (kembali) |
19 | sêsêngkêran (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.42, Pupuh 6.25.2). (kembali) |
20 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.44. (kembali) |
21 | Lebih satu suku kata: gih kadya punapa. (kembali) |
22 | tan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.44, Pupuh 6.7.2). (kembali) |
23 | patine. (kembali) |
24 | miskin (dan di tempat lain). (kembali) |
25 | kêpati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.45, Pupuh 7.25.2). (kembali) |
26 | Bandingkan: jinumput (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.45, Pupuh 7.25.5). (kembali) |
27 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.46. (kembali) |
28 | Bandingkan: subul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., 1.46, Pupuh 8.4.7). (kembali) |
29 | Bandingkan: èmêng ing tyasipun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.45.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.45.7). (kembali) |
30 | buyut (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.46, Pupuh 8.7.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.48.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.48.5). (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nulya dhatêng kapandheyan aglis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.53.1). (kembali) |
32 | linggise (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.47, Pupuh 8.13.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.54.3). (kembali) |
33 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ingsun tinggal puniku (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.56.4). (kembali) |
34 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: datan sun prih anambut kardi (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.56.5; datan suprih anambut kardi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.56.5). (kembali) |
35 | nglêladèni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.58.9). (kembali) |
36 | bêlanja (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.47, Pupuh 8.18.10); balănja (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.59.10). (kembali) |
37 | ananggupi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.48, Pupuh 8.19.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.60.9). (kembali) |
38 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: ananggupi nini-nini dèn jaluki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.60.9). (kembali) |
39 | nyênyamikannèki. (kembali) |
40 | obor (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.48, Pupuh 8.20.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.61.5). (kembali) |
41 | tininggil-tinggil (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.48, Pupuh 8.23.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.64.1). (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tulalya sah ya tininggil-tinggil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.64.1). (kembali) |
43 | tontonan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.48, Pupuh 8.27.2). Bandingkan: tontonaning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.68.2). (kembali) |
44 | acilik (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.48, Pupuh 8.27.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.68.5). (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: umyung ing swaranira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.70.6). (kembali) |
46 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kêbat sarirèku (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.72.7); kêbêk sarirèku (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.72.7). (kembali) |
47 | gathik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.49, Pupuh 8.32.1). (kembali) |
48 | mèlèt (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.49, Pupuh 8.32.5). Bandingkan: ilat mele mata mandêlik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.73.5); ilat mele mata mundêlik (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.73.5). (kembali) |
49 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing ngayunan alungguh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.76.4). (kembali) |
50 | kinulawisuda (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.80.1). Bandingkan: kinulawisudha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.80.1). (kembali) |
51 | Banyakwidhe (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.49, Pupuh 8.38.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.80.3). (kembali) |
52 | Lokananta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.49, Pupuh 8.38.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.80.10). (kembali) |
53 | lêlangse (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.50, Pupuh 8.41.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.83.5). (kembali) |
54 | minging (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.50, Pupuh 8.41.9). (kembali) |
55 | anjênêngakên (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.86.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.86.6). (kembali) |
56 | endah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.50, Pupuh 8.44.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 6.86.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 6.86.8). (kembali) |
57 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.51. (kembali) |
58 | nglabuh. (kembali) |
59 | anyilih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1. 51, Pupuh 9.2.10). (kembali) |
60 | nungkêmi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.51, Pupuh 9.3.4). (kembali) |
61 | ambalabar (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.51, Pupuh 9.5.6). (kembali) |
62 | abrit (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.51, Pupuh 9.5.8). (kembali) |
63 | kanggonan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.51, Pupuh 9.7.7). (kembali) |
64 | Terdapat dobel sandangan: gurdakanira atau gurdakanera. (kembali) |
65 | asungsuma (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.52, Pupuh 9.13.3). (kembali) |
66 | Cêmarasatunggil (dan di tempat lain). Bandingkan: Cemara Satunggil (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.52, Pupuh 9.15.2). (kembali) |
67 | Cêmaratunggal (dan di tempat lain). Bandingkan: Cemara Satunggal (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.52, Pupuh 9.15.3). (kembali) |
68 | dokokna. (kembali) |
69 | murub. (kembali) |
70 | diyaning. (kembali) |
71 | Kurang satu suku kata: sanadyan si akathaha. (kembali) |
72 | duksina. (kembali) |
73 | Lebih satu suku kata: Ki Ajar Cêmaratunggil. (kembali) |
74 | andadi. (kembali) |
75 | karya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.54, Pupuh 9.32.2). (kembali) |
76 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
77 | pêcattăndha (dan di tempat lain). (kembali) |
78 | Lebih satu suku kata: dya kesah musuhnèki. (kembali) |
79 | kang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.55, Pupuh 9.47.2). (kembali) |
80 | anggaru (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.55, Pupuh 9.47.3). (kembali) |
81 | mangkin (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.55, Pupuh 9.47.5). (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: lah ta kakang dawêg samya dhinginana. (kembali) |
83 | mangke. (kembali) |
84 | amomong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
85 | anggêrit (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.56, Pupuh 9.56.9). (kembali) |
86 | sri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.56, Pupuh 9.57.3). (kembali) |
87 | Bandingkan: pae sira mapan duka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.56, Pupuh 9.58.3). (kembali) |
88 | enggar (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.56, Pupuh 9.62.9). (kembali) |
89 | paseban. (kembali) |
90 | angglarakên. (kembali) |
91 | Lebih dua suku kata: ya ta wus alami-lami. (kembali) |
92 | kinarya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.57, Pupuh 9.70.9). (kembali) |
93 | binabana. (kembali) |
94 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.59. (kembali) |
95 | ngalosod (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.2.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.2.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.2.8). (kembali) |
96 | angsal (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.59, Pupuh 10.6.8). (kembali) |
97 | anggiringa (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.59, Pupuh 10.7.9). (kembali) |
98 | sangsam (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.14.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.14.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 17.40.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.13.9; Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.17.9). (kembali) |
99 | kadya (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.16.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.16.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.15.7; Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.19.7). (kembali) |
100 | Bandingkan: sinakolèh (Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.20.1); pinakolih (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.17.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.17.1). (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sinêngkakakên Sang Putri Cina (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.19.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.19.2; sinêngkakkên Rajaputi Cina (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.18.2). (kembali) |
102 | widagda (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.21.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.21.1; Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.24.1). (kembali) |
103 | sri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.60, Pupuh 10.16.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.21.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.21.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.20.9; Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.24.9). (kembali) |
104 | Kurang satu suku kata: Arya Damar titipan putri wus mijil. Bandingkan: Arya Damar têtêp umadêg narpati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.27.9); Arya Damar têtêp umadêk nêrpati (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.27.9); Arya Damar lajêng têtêp madêg aji (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 8.25.9); Arya Damar wus têntrêm ngadhaton adi (Babad Majapait, Tanaya, Pupuh 1.30.9). (kembali) |
105 | wandeane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.61, Pupuh 10.26.4). Bandingkan: sandeyane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.67.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.67.4). (kembali) |
106 | măngsa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.28.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.69.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.69.3). (kembali) |
107 | têmbe (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.28.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.69.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.69.3). (kembali) |
108 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan abukti yèn sira wus dadi aji (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.70.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.70.9). (kembali) |
109 | punggung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.32.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.73.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.73.4). (kembali) |
110 | bawaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.62, Pupuh 10.34.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.6). (kembali) |
111 | iring-iring (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.77.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.77.9). (kembali) |
112 | Bandingkan: jahning mahning (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.3). (kembali) |
113 | langit (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.4). (kembali) |
114 | Bandingkan: kambang tangwas wulan upami (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.5); kambang tangpas wulan upami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.5). (kembali) |
115 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kusuma sumawur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.7). (kembali) |
116 | Bandingkan: lintang tulya padha lumrang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.79.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.79.8). (kembali) |
117 | digbya. (kembali) |
118 | runtuh (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.81.3). (kembali) |
119 | Bandingkan: madyusing (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.81.5). (kembali) |
120 | Kurang satu suku kata Bandingkan: ing talaga mêmadyus ning jyahni mahning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.9). (kembali) |
121 | tal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.81.10). (kembali) |
122 | asya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.40.2). Bandingkan: ahyas (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.84.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.2). (kembali) |
123 | Lebih satu suku kata Bandingkan: panging adoh soka lwir nginggil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.84.5). (kembali) |
124 | mangsah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
125 | manungsuh. (kembali) |
126 | Bandingkan: campaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.41.6); cêpaka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.6). (kembali) |
127 | andong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.85.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.85.8). (kembali) |
128 | paminya. Bandingkan: pathika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.86.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.86.2). (kembali) |
129 | intên (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.42.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.86.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.86.6). (kembali) |
130 | Bandingkan: purwa ri gêng kayu kapur iki | kulitira tumitis gêtihnya | maputih ika warnane | ring suryakanta dhawuh | gêtihira arata êning | pan dadianing dupa | upama kumukus | marbuk minging gănda kongas | yèn janmaa kadya manungsunga ing sih | gănda manub ing radyan || (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.87.1–10). (kembali) |
131 | Bandingkan: dinina-dina dardumèh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.44.3). (kembali) |
132 | pamangsulnya. Bandingkan: pamangsule (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.88.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.88.4). (kembali) |
133 | nungganga (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.63, Pupuh 10.47.4). (kembali) |
134 | ati (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.92.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.92.1). (kembali) |
135 | sadina (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.97.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.97.8). (kembali) |
136 | padha (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.100.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.100.10). (kembali) |
137 | Bandingkan: ngetan bênêr saojana ika (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.101.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.101.2). (kembali) |
138 | pinggir (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.64, Pupuh 10.56.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.101.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.101.4). (kembali) |
139 | sungkêmi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.65, Pupuh 10.58.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.103.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.103.9). (kembali) |
140 | Bandingkan: dene ulun lênggana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.104.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.104.6). (kembali) |
141 | miyang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.104.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.104.8). (kembali) |
142 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wrata warata sabrang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.65, Pupuh 10.60.6); pratama ing rat sabrang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.105.6). (kembali) |
143 | pranata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.105.7). (kembali) |
144 | sadu (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.105.8). (kembali) |
145 | maruta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.116.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.116.10). (kembali) |
146 | Bandingkan: uwus têka anèng mêdya gantang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.117.2); uwus têka anèng madya gantang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.117.2). (kembali) |
147 | kaunggahan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.65, Pupuh 10.65.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.119.6). (kembali) |
148 | unggyaning (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.119.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.119.9). (kembali) |
149 | juragan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.124.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.124.10). (kembali) |
150 | ta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.125.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.125.2). (kembali) |
151 | marikia (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.125.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.125.6). (kembali) |
152 | anung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.125.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.125.8). (kembali) |
153 | giri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.69.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.125.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.125.10). (kembali) |
154 | lirning baya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.126.1). Bandingkan: lir nirbaya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.70.1). (kembali) |
155 | kali (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.71.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.127.5). (kembali) |
156 | kali (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.71.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.127.8). (kembali) |
157 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn ingandêl lèngsèr karikil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.128.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.128.5). (kembali) |
158 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tatkala yar prapta anèng giri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.120.1). (kembali) |
159 | angauba (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.66, Pupuh 10.74.7). Bandingkang: angaubi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 11.120.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 11.120.7). (kembali) |
160 | anggêpok (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.67, Pupuh 10.77.6). (kembali) |
161 | pringgabayane (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.67, Pupuh 10.78.3). (kembali) |
162 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68. (kembali) |
163 | Surapringga (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68, Pupuh 11.1.1). (kembali) |
164 | munggul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68, Pupuh 11.1.6). (kembali) |
165 | langgatan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68, Pupuh 11.2.1). (kembali) |
166 | jêngandika (dan di tempat lain). (kembali) |
167 | Islam (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.68, Pupuh 11.5.7). (kembali) |
168 | dhukuh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.69, Pupuh 11.13.4). (kembali) |
169 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.70. (kembali) |
170 | Lebih satu suku kata: pan cinatur sampun alami. (kembali) |
171 | juru. (kembali) |
172 | rinuntuh. (kembali) |
173 | popok (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.8.3). Bandingkan: popoking (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.2.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.2.3). (kembali) |
174 | dang-danganisun (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.8.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.2.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.2.5). (kembali) |
175 | angungkabi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.8.9). Bandingkan: ungkabi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.2.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.2.9). (kembali) |
176 | anggarjitèng (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.10.9). (kembali) |
177 | sinugonan. (kembali) |
178 | dyah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.71, Pupuh 12.15.4). (kembali) |
179 | ganggu-ganggu (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.9.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.9.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.105.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.9.7). (kembali) |
180 | anglês (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.11.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.11.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.107.8). (kembali) |
181 | anjêngêr (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.72, Pupuh 12.21.1). (kembali) |
182 | pêpanggungan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.72, Pupuh 12.22.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.15.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.15.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.16.2). (kembali) |
183 | anggana (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.73, Pupuh 12.28.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.21.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.21.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.115.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.22.8). (kembali) |
184 | Bandingkan: kang mikrad ring kayangan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.21.10); kang merad ring kayangan (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.21.10); kang mantuk mring kayangan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 21.115.10; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 13.22.10). (kembali) |
185 | sêsapihan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.173, Pupuh 12.33.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 15.26.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 15.26.10). (kembali) |
186 | ginadhuhakên. (kembali) |
187 | godhong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
188 | Dyarawati. (kembali) |
189 | anusul (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 18.4.4). (kembali) |
190 | panggonane (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.75, Pupuh 12.48.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 18.8.6). (kembali) |
191 | Kêbagonggong (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.75, Pupuh 12.48.9). Bandingkan: maesa ganggang (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 18.8.8). (kembali) |
192 | ambegal (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.76, Pupuh 12.66.1). Bandingkan: binegal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 18.26.1). (kembali) |
193 | woding (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 18.28.10). (kembali) |
194 | anggêlara (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.77, Pupuh 12.70.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 18.30.1). (kembali) |
195 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Kyagêng Tarub aris ngancarani (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 18.31.1). (kembali) |
196 | Lebih satu suku kata: wus sinambrama ki juru sabin. (kembali) |
197 | saungkure (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.77, Pupuh 12.73.5). (kembali) |
198 | subasita. (kembali) |
199 | bangun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.77, Pupuh 12.75.9). (kembali) |
200 | Nawangsih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.78, Pupuh 12.84.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.64.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.64.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.7.5). (kembali) |
201 | nyangking (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.78, Pupuh 12.84.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.64.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.64.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.7.9). (kembali) |
202 | nyêkêl (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.78, Pupuh 12.85.9). (kembali) |
203 | tunggul (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.79, Pupuh 12.94.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.74.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.74.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 23.15.7). (kembali) |
204 | kabali (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.76.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.76.10). (kembali) |
205 | piyangkahe (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.79, Pupuh 12.98.3). Bandingkan: piangkuhe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.78.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 18.78.3). (kembali) |