Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021)

Judul
Sambungan
1. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 001–005). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 006–012). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 022–031). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 032–040). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 041–055). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 056–068). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 069–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
9. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 084–095). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
10. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 096–108). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
11. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
12. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 120–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
13. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 133–142). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
14. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
15. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 148–151). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
16. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 152–161). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
17. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 162–170). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 73v lanjutan] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 1 dari 79

13. Pangkur

[Kraton Majapait bedhah. Radèn Patah jumeneng sultan wonten ing Demak.[1]]

1. ênêngêna kang kocapa | Adipati Bintara ikang winarni |[2] lami tan seba winuwus | marang ing Majalêngka | adipati ing Têrung ikang cinatur | datan eca manahira | anuli lumampah aglis ||

2. ing Bintara sampun prapta | ikang raka ya ta sampun kapanggih | Dipati Têrung umatur | kadospundi ta kakang | ikang karsa jêngandika ta puniku | alami batên asowan | dhatêng Prabu Maospait ||

3. karuwune jêngandika | ing ubanggèning sabên-sabên warsi | sohan dhatêng Majalangu | raose manah kula | nadyan kathah mantri dipati puniku | batên kadi jêngandika | sok dinangu mring sang aji ||

4. nadyan watêna kawula | batên sami lan jêngandika ugi | ikang dadya trêsnanipun | ing rama jêngandika | sampun lami paduka ingayun-ayun | ing Sang Prabu Majalêngka | lami kakang datan nangkil ||

5. kula itungi laminya | dika kakang tan sohan Majapait | tigang warsa laminipun | tan eca manah kula | karantêne kawula mariki gupuh | gèn kawula darbe kadang | kakang mring andika ugi ||

6. adipati ing Bintara | angandika iya bênêr pun adhi | ujarira nora luput | ing besuk isun seba | yèn wus Brawijaya manjing [ma...]

--- [f. 74r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 2 dari 79

[...njing] Islam iku | Dipati Têrung aturnya | kawula kakang suwawi ||

7. yèn mêkatên karsa dika | lintang èwêd rasane ikang ati | igih sampeyan puniku | lamun adarbe karsa | sampun cicing-cicing[3] têlês ikang kayun | sampun wigih-wigih urang | igih kakang atur mami ||

8. sampun mêndhak-mêndhak padhang | sampun aling-aling katon puniki | tan wande kukaban[4] iku | ing rama jêngandika | Brawijaya ratu luwih Majalangu | wêruh sadurung winarah | wondening kula puniki ||

9. saking ing trêsna kawula | Brawijaya trêsna pun kakang ugi | kawula igih angrungu | miyarsa ing wirayat | gêgêntine bapa sanak tuwa iku | yèn kula batên nêdyaa | lan kakang pati saurip ||

10. lawan karsa jêngandika | yèn mêkatên kakang ing Majapait | lah nêdha sami ginêpuk | mapan mantri dipatya | sakathahe anênggih wong Majalangu | tan ana bala salêksa | liya panduka lan mami ||

11. pangraose manah iwang | igih tiyang Maospait puniki | sêmangsa dika kadulu | botên purun amêngsah | ing paduka lawan kawula puniku | rêmbag Dipati Bintara | sigra banjêl Majapait ||

12. sadêdamêling Bintara | sampun prapta sang prabu ing Majapait |[5] yèn jênêngira wus wêruh | yèn ratu sinalinan | dening dewanira bathara kang agung | parêng ungak-ingungakan | lawan Bintara Dipati ||

13. Brawijaya musna ilang | saha garwa lan Gajahmada patih | syarane [sya...]

--- [f. 74v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 3 dari 79

[...rane] ya ta jumêgur | sirna saking kadhatyan | Adipati Bintara alon amuwus | rama jênênganing Buda | patine makrifat jati ||

14. sirna ilang rasaning rat |[6] sêngkalane duk bêdhahing Majapait |[7] sadaya kagêngan ratu | sami gumêlar ika | ikang warni bêrkatan sadayanipun | miwah ikang rajabrana | wus aglar mugèng ing ngarsi ||

15. angling Dipati Bintara | mri[8] kang rayi ing Têrung Adipati | kabèh bêrkatan sun pundhut | găngsa Sêkardalima | lawan malih cêkathakan Si Gathayu | layan kandhali punika | Ki Macan Guguh anênggih ||

16. sadaya wus jinarahan | rajabrana miwah rêtna mas adi | risampunira winuwus | Adipati Bintara | pan jumênêng ratu ngrad[9] ing Majalangu | dadi purwa ratu Islam | sadaya ing tanah Jawi ||

17. jumênêng anèng ing Dêmak | ingalihkên aranira anênggih | ing Sunan Ngapèldêntèku[10] | juluk Dipati Plembang | anadene Jêng Sunan Ngampèldêntèku | pan cinatur darbe putra | Nyai Gêdhe Maloko nênggih |[11]|

18. Ni Gêdhe Maloko ika | apêputra kalih sami pawèstri | anadene putra sêpuh | dadi garwane ika | Adipati Palembang patutan jalu | ajêjuluk Sultan Dêmak | kacatur sampun alami ||

19. jumênêng Sang Ratu Dêmak | lakung kèdhêp parentahira nrêpati |[12] marang ikang para ratu | tanah Jawa sadaya | para nata pan sami suyud [su...]

--- [f. 75r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 4 dari 79

[...yud] sadarum | dhatêng sang prabu ing Dêmak | wadyabala suyud sami ||

20. tan kawarna laminira | sajênênge Sultan Dêmak anênggih | kang para wali anjurung | angastrèni[13] sêmana | dèn warnênên[14] ing mangke ya ta sang prabu | miyos sineba ing bala | pêpak sadaya anangkil ||

21. sang nata aris ngandika | marang Patih Pranggalba[15] anèng ngarsi | isun karya masjid iku | kabèh lah undhangana | pan sakèhe wadyabala Dêmak iku | lan malihe panêmbahan | arsa atindak pribadi ||

22. sakondure saking ngarsa | ingundhangan sakèh wong Dêmak sami | sadaya tan ana kantun | samya matur sandika | ênêngêna ing wau gênti winuwus | Sunan Ngampèldênta prapta | Sunan Kudus Murya sami ||

23. miwah Sunan Benang ika | Sunan Giri sadaya pan sami prapti |[16] Sunan Kalijaga iku | tanapi Ki Lêmahbang | Sèh Majagung sadaya pan sami rawuh | Sunan Makadum ing Carbon |[17] prapta ing asmaragami ||

14. Asmaradana

[Adegipun masjid Demak.[18]]

1. sang nata wau tinangkil | nênggih Kanjêng Sultan Dêmak | ginarêbêg pawongane | wus pinarak pagêlaran | sah ikang upacara | pugawa atap nèng ngayun | kya patih muguh[19] ing ngarsa ||

2. angandika sri bupati | lah kapriye bapa patya | apa uwis rumat kabèh | rêkyana patih tur sêmbah | igih sampun patikbra | kang abdi sawarninipun | prasamya pêpêk sadaya ||

--- [f. 75v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 5 dari 79

3. dyan kondur malêbèng puri | wau ta sri naranata | para wali sakabèhe | sami anèng ing jro pura | Sultan Dêmak punika | karsane wau umatur | dhatêng Sunan Ngampèldênta ||

4. punika amba wus warni | punapa karsa panduka | suhunan ngandika alon | iya jêbèng karsaniwang | karya masjid pan iya | mêngko bêngi karsanisun | adêge masigit ika ||

5. sakathahe para wali | sadaya sami ngaturan | maring Sunan Ngampèl kaot | sadaya wus sami prapta | wau apagunêman | anèng sajrèning[20] kadhatun | prasamya bubuh-bubuhan ||

6. Sunan Benang Giri sami | wau samya binêbahan | lan Sunan Kalijagane | Sunan Kudus Murya samya | Sunan Carêbon ika | Sunan Gêsêng datan kantun | Sèh Majagung kabêbahan ||

7. Jêng Suhunan Benang Giri | layan Sunan Kalijaga | sakaguru bubuhane | Sunan Ngampèl mêstakanya | Sunan Kudus lan Murya | sarambi bubuhanipun | Sunan Cêrbon pangimanan ||

8. nênggih sarêng têngah wêngi | nulya kinèn angadêgna | para wali sakathahe | samya wau ngangkat karya | dhikir para ambiya | syarane rame gumuruh | anênêdha ing Yyang Sukma ||

9. Sunan Kalijaga kari | gènnya wau nambut karya | kasusu wau gawene | tatal wau kang kinarya | nênggih sakagurunya | ingêsohan êduk wau | mila

--- [f. 76r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 6 dari 79

ana saka tatal ||

10. sêmana wus ngadêg sigih | ya ta masigit ing Dêmak | nulya sinêngkalan age | paksi kêrdha nèng samodra |[21] punika sêngkalanya | lan sasinira kaetung | Sura taun Êdal ika ||

11. sakathahe para wali | sadaya wus mulih samya | Sunan Kudus Murya dene | Sunan Ngampèldênta samya | wus kondur mring prajanya | sadaya tan ana kantun | sami mantuk sowang-sowang ||

12. ênêngêna tan winarni | amangsuli kang carita | Ki Agêng Pêging[22] purwane | gêguru mring Ngampèldênta | sumukêm ngastupada | ya ta dhatêng sang awiku | Jêng Suhunan Ngampèldênta ||

13. cinatur sampun alami | lajêng kambil mantu ika | kapêrnah putu wiyose | dhatêng Sunan Ngampèldênta | nanging mangke wus lama | sah garwanira wus mantuk | dhatêng ing Pêging punika ||

14. lamini[23] căndra myang warsi | Ki Agêng Pêging wus seda | atilar putra wiyose | nanging maksih nèng wêtêngan | binêkta ikang raka | ya ta kapêrnah sadulur | Ki Agêng Tikir[24] punika ||

15. ing Pêging wus suwung nênggih | Ni Agêng Pêging punika | wus anèng Tikir prênahe | binêkta dhatêng kang raka | dening wus kari răndha | kang raka wêlas andulu | milanira binoyongan ||

16. lami-lamining kang sasi | Nyi Agêng Pêging wus babar | amiyos jalu putrane | kang caya[25] gumilang-gilang | alyir sasăngka tiba | warnane lakung abagus |

--- [f. 76v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 7 dari 79

kang uwa bungah ing nala ||

17. gancanging carita nênggih | kang jabang bayi walagang | jêmajang[26] kèwèr wayahe | gênti wau kang kocapa | kanjêng sultan ing Dêmak | karsa acangkrama wau | wadyabala ingundhangan ||

18. sêmana ya ta sang aji | wus abudhal sabalanya | gumêrah wadya syarane | nahan kawarna ing marga | wus prapta ing Prawata | angayak[27] lêmbu sang prabu | kidang kancil lan maesa ||

19. lakung tusthane sang aji | ningali kidang manjangan | miwah lêmbu maesane | wus tinumpu sadaya |[28] marang sultan ing Dêmak | pan arsa kondur sang prabu | datan kawarna ing marga ||

20. wus prapta ing dalêm puri | kang para garwa sadaya | samya amêthuk sang katong | ênêngêna sri narendra | gênti ikang kocapa | Ni Agêng Pêging winuwus | lakung dening kawlasarsa ||

21. ningali kang putra nênggih | kang ibu lakung wêlasnya | dene tinilar ramane | akari kawêlasarsa | nyai răndha punika | kirang dhahar sarenipun | anapakakên kang putra ||

22. wayahe kang putra nênggih | sampun sagêd angèn ika | dening kacèk lare akèh | ingiring sakèhing bocah | asring saba ing wana | yèn dalu tansah lumaku | tan watên ikang sinêdya ||

23. yèn siyang kesah wanadri | tan ana ikang wuninga | kang ibu lakung marase | tansa[29] wêrdatin ing nala | ningali ikang putra | mila ngradatin kalakung | tansah anêdha ing Alah[30] ||

24. sêmana wau [wa...]

--- [f. 77r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 8 dari 79

[...u] winarni | Kanjêng Sunan Kalijaga | ya ta ikang winiraos | mayêng-mayêng anèng wana | datan mantuk ing praja | sêmana ya ta winuwus | kapanggih lawan Ki Jaka ||

25. Sunan Kalijaga angling | Kae Jaka tinakonan | hèh jêbèng isun têtakon | ing ngêndi ta wismanira | Ki Jaka matur nêmbah | kawula Pênggih[31] karuwun | samangke tan darbe wisma ||

26. sunan angandika aris | hèh jêbèng sira muliha | sira dadi ratu têmbe | wus pinasthi dening Allah | nora kêna sumigah[32] | Ki Jaka micarèng kalbu | apa nyata yèn mangkana ||

27. nulya kesah sang ayogi | Ki Jaka datan uninga | kalakung ing gêgêtune | dening mung sakêdhap netra | lungane tan uninga | nulya umantuk sang bagus | sampun prapta wismanira ||

28. sapraptane wisma nênggih | arsa umatur kang uwa | kalayan ibune mako | sampun prapta ngarsanira | nulya wau sinapa | adhuh nyawa anak isun | têka ngêndi baya sira ||

29. Ki Jaka umatur aris | uwa kawula akesah | atirakat ing wanane | nulya wontên tiyang prapta | kawula pan cinêtha | uwa nênggih dadi ratu | kang uwa mèsêm miyarsa ||

30. kang uwa ngandika aris | muga Alah marêngêna | apan ta ing sasêdyane | muga-muga jinurunga | marang Kang Maha Mulya | tan kêna ginawe iku | mring wong sama dhangdhanggula ||

15. Dhandhanggula

[Jaka Tingkir kapundhut putra sultan Demak sinungan nama radèn Satéja. Radèn Bagus jumeneng sultan wonten ing Demak. Radèn Satéja jumeneng sultan wonten ing Pajang.[33]]

1. ênêngêna lingira ing uni | kang kocapa Kanjêng Sultan Dêmak | sineba wadya

--- [f. 77v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 9 dari 79

balane | pugawa agung-agung | tăndha mantri layan ngabèhi | dêmang răngga lan arya | tanapi tumênggung | ki apatih anèng ngarsa | pan tumukul mukane kojêm[34] ing singti[35] | pambukuh[36] pasilanya ||

2. Sultan Dêmak pinarak sitigil[37] | lugyèng[38] wau ing asokasana | dhampar kancana ligihe | alèmèk sari babut | pan maliyo minăngka sigih | cahyanira lir wulan | pan lagya mawêlu | sêdhênge lagya purnama | dadya kucêm sagunge para dipati | dening sultan lir wulan ||

3. Jêng Sultan Dêmak sudigya sêkti | manahira ambêk palamarta | mulus alêmbah manahe | jalmaa kapang[39] pitu | kapyan kagit sira ing uni | Sultan Dêmak kuwasa | sêkti ambêk sandu | ratu wantêr ing agama | apan ajrih laranganing Alah nênggih | ajêg ukum adilnya ||

4. Sultan Dêmak ngandika mring patih | undhangana sakèh ikang wadya | lah sira pêpêka kabèh | isun arsa lumaku | maring Kali Bulus anênggih | ki patih matur nêmbah | sadaya wus kumpul | saksana anulya budhal | ikang wadyabala sadaya angiring | samya nitih baita ||

5. alêlumban ing wau sang aji | sampun prapta marang ing Bulusan | sampun masanggrahan age | angandika sang prabu | alah mara ngrakada aglis | jaringa ngambil ulam | kang wadya acakut | kinêbur ikang bêngawan | jaring jala sakèh mina apan kêni | lakung tustha sang nata ||

6. sêmana

--- [f. 78r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 10 dari 79

sang nata aningali | pan jumênêng anèng ing baita | kalakung tustha galihe | sang nata duk andulu | kêmarane kang baya putih | nanging tan ana wikan | amung ta sang prabu | nanging awarni wanodya | ayu endah sang nata brangti ningali | anging datan ngandika ||

7. dangu-dangu sang nata ningali | nulya korud wau ikang kama | tiba bêngawan kamane | nulya cinaplok bajul | nênggih wau kang baya putih | iku ujar carita | kandhane karuwun | sang nata anulya budhal | saha bala sampun ngadhaton sang aji | anèng ing dalêm pura ||

8. ênêngêna wau ta sang aji | kawarnaa ing Tikir punika | putra ing Pênggih wiyose | Kae Jaka winuwus | arsa kesah wau angaji | apamit mring kang uwa | tanapi kang ibu | nanging wau datan suka | Kae Jaka nangi[40] amêksa upamit | kang ibu angandika ||

9. isun bêngèn duwe sanak siji | nanging mêngko dadi suranata | anèng ing Dêmak pêrnahe | iku ta karsanisun | alah payo sun atêr kaki | saksêna[41] nulya kesah | Ki Jaka lan ibu | datan kawarna ing marga | sampun prapta wau ing Dêmak nêgari | cundhuk lan suranata ||

10. nulya pasrah Nyai Agêng Pêngging | tinampenan wau Kae Jaka | dhatêng Ki Suranatane | ni agêng nulya mantuk | ênêngêna kang makat[42] mulih | Kae Jaka punika | wau ikang kantun | sampun winuruk ing sastra | sakathahe i para

--- [f. 78v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 11 dari 79

santri angaji | anèng masigit ika ||

11. lami-lami ya ta sri bupati | nulya miyos sang nata Jumungah | ingiring wadyabalane | saksana nulya rawuh | para santri kathah angaji | sarawuhe sang nata | pan mire sadarum | amung kari Kae Jaka | dyan malompat balumbang dipun lompati | watara sangang dhêpa ||

12. lakung kagyat sang prabu ningali | lamun ana lare kang lumompat | amêkasi ing lêmpate | kinon amirsa sampun | tinakenan tan bisa angling | pan sarwi dharodhogan | Suranata matur | igih kawula kang gadhah | angandika wau ta sri narapati | sun pundhut anakira ||

13. pan sumăngga karsa panduka ji | tan kawasa amba alênggana | punapa karsa sang katong | nulya wau pinundhut | wus binêkta mring dalêm puri | sêmana wus alama | karsane sang prabu | kinarya sêmut gatêlnya | winastanan Ki Rabèt wastane sigih | sang nata lakung sihnya ||

14. sri narendra pan kalakung asih | kala dalu pan miyos sang nata | ngadêg nèng palatarane | kagyat dulu sang prabu | aningali kang bocah guling | ana kang mancur ika | saluhure turu | nulya wau pinaranan | sapraptane angadêg nèng dagan aglis | Ki Rubèt mancur ika ||

15. nulya sinuwèk wau kang nyamping | ya ta dhatêng sang sri naranata | nulya akondur sang rajèng | sigra enjing sang prabu | animbali maring kang abdi | sêmut gatêl [gatê...]

--- [f. 79r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 12 dari 79

[...l] sadaya | wus prapta sadarum | nanging Ki Rubèt tan prapta | nata dangu matur parpat alit-alit | amba suwèk bêbêdnya ||

16. sri narendra micarèng ing ati | baya ika ikang sun wêtara | kang murub mau bêngine | ya ta sira sang prabu | karsanira pinundhut sigih | kinarya putra-putra | karsane sang prabu | sampun pinupu sêmana | pan kinarya lurahing tamtama nênggih | anama Dyan Suteja ||

17. sampun lami ing mangke sang aji | ya ta sang prabu adarbe putra | cinatur kalih putrane | ikang èstri waruju | nanging sampun akrami nênggih | wotên[43] ing Kalinyamat | wau prajanipun | pambarêb Pangran Dipatya | mung kêkalih ya ta putrane sang aji | sadaya wus akrama ||

18. sri narendra akesah cangkrami | dhatêng wau ing Kăndhawahana | kêrig kang wadyabalane | sêmana sampun rawuh | anênumpu sawadyanèki | miwah para sêntana | dipati tumênggung | sakèhe kidang mênjangan | atanapi lêmbu maesa tan kari | samya kêna sadaya ||

19. duk sêmana wontên banthèng kanin | pan angamuk sakèhing pugawa | sami gusis sadayane | tanapi kang tumênggung | apan samya lumajêng sami | amung kantun sang nata | kang maksih apangguh | saksana nrajang sang nata | tinampanan Dyan Suteja kang nêmpiling | banthèng mati kapisan ||

20. nulya kondur wau ta sang aji | angadhaton maring dalêm pura | para garwa

--- [f. 79v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 13 dari 79

mêthuk kabèh | sêmana sang aprabu | sabên enjang miyos tinangkil | ngabên-abên sang nata | ikang kêbo danu | miwah ikang banthèng ika | mantri siji wau kinèn angêmbari | tawok[44] samya agêmnya ||

21. datan ana ikang angêmbari | amung wau Rahadèn Sateja | ikang angêmbari dhewe | miwah kang mantri iku | datan ana wani ngêmbari | tanapi pra dipatya | tan ana kang purun | amung Rahadyan Suteja | kang ngêmbari sakèhing banthèng amati | sang nata lakung sihnya ||

22. sri narendra angandika aris | marang wau sagunging kang wadya | miwah para dipatine | pangran dipati anut | andikane ing rama nênggih | yèn sadulurkên ika | marang radèn bagus | kang dadya lurah tamtama | sri narendra ngadhatyan ing kênyapuri | bubar kang wadyabala ||

23. ênêngêna kang winuwus malih | wontên wau kang kocap sinampar | wong sing Toyamas angsale | Jaka Bodho ranipun | arsa wau ngawula nênggih | dhatêng Jêng Sultan Dêmak | karsane ing kalbu | lumaku linarapêna | dèrèng olih dêdalan ikang prayogi | maksih kandhêg ing jaba ||

24. salamine anèng dunya nênggih | dèrèng watên braja kang tumama | kalakung wau têguhe | gêdêr wong Dêmak wau | sapraptane Ki Bodho nênggih | kinèn wau jajala | mring Ki Bodho iku | kalangan ajrih sang nata | sabên dalu Ki Bodho [Bo...]

--- [f. 80r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 14 dari 79

[...dho] dipun suduki | nanging ta nora pasah ||

25. sabên dalu Ki Bodho anênggih | tinumbakan lawan binêdhilan | tan ngambah lêmah awake | arsa rinina wau | apan ajrih dhatêng nrêpati | ratu lakung adilnya | nênggih ukumipun | mila dhinêmit kewala | nulya wau katur rahadèn ngabèi | nênggih lurah tamtama ||

26. nulya wau rahadèn ngabèi | sigra mêdal anèng kori ika | Ki Bodho wus panggih age | radèn alon amuwus | apa sira Ki Bodho sigih | arsa ngabdi sang nata | Ki Bodho umatur | igih rahadèn kawula | salamine anèng ing dunya puniki | dèrèng pasah ing braja ||

27. Kyai Bodho aturira aris | tawi radèn arsa ngayonana | sumăngga rahadèn age | nulya sinuduk wau | sadak ikang kinarya nênggih | pêcah kang punang dhadha | ludira sumêmbur | Ki Bodho sampun palastra | nulya katur wau dhumatêng sang aji | sang nata lakung duka ||

28. kinèn nundhung wau radèn mantri | sampun kesah saking nagri Dêmak | wus prapta muara age | pitêkur sang abagus | anèng wau pigiring kali | nulya sira katingal | wanodya kang ayu | kêmarane baya bêthak[45] | dyan cinandhak dhumatêng rahadèn mantri | kêmarane kang baya ||

29. sakalakung sihira

--- [f. 80v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 15 dari 79

kapati | kang kêmara dhatêng radèn putra | kalakung asih lulute | mêngkana sang abagus | anugangi kang baya putih | tan ana kang uninga | polahe sang bagus | ênêngêna radèn putra | kang kocapa Jêng Sultan Dêmak winarni | lakung sêdhih kang nala ||

30. sakesahe wau radèn mantri | sakalakung susahe kang driya | kantos umijil waspane | mêngkana sang aprabu | angandika dhumatêng patih | lah sira timbalana | Suteja nak isun | sêksana anulya mintar | tan kawarna ing muara sampun prapti | kongak rahadèn putra ||

31. micarèng tyas wau ki apatih | radèn putra sun wêtarèng nala | baya putih bapakane | dening sêkti kalakung | baya putih dipun tugangi[46] | nulya wau katingal | dhatêng radèn bagus | ki patih sira ngandika | alah agèr ingandikan mring sang aji | jêngandika dèn egal ||

32. anulya mintar dyan mantri kering | tan kawarna ing marga lampahnya | wus prapta ing Dêmak age | wus cundhuk lan sang prabu | angandikan marang ing ngarsi | sarya kinusya-kusya | dhatêng sang aprabu | sêmana sampun alama | saantuke ya ta rahadèn mantri |[47] ngandikan mring sang nata ||

33. sampun puput jênênge nrêpati | anandhang gêrah sangêt sang nata | wus karsaning Alah

--- [f. 81r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 16 dari 79

mangke | mantuk ing ajalipun | sampun seda sri narapati | para putra sadaya | anangis gumuruh | samya anungkêmi pada | Pangran Dipati lan Radèn Sateja nênggih |[48] lan Nimas Kalinyamat ||

34. wus binadhusan[49] layon nêrpati | sampun binêkta dhatêng astana | nulya sinarèkkên age | nuli andonga sampun | para mukmin kalayan wali | samya amaca donga | ing sakathahipun | nulya wau sinêngkalan | amêrgana jênênge ratu kawilis | ilang praja kusuma ||

35. ênêngêna ikang sampun lalis | winuwusa kang kari punika | wau Pangran Dipatine | lawan sira sang bagus | pagunêman kalih kang rayi | tanapi kyai patya | lawan ki pangulu | Sunan Kudus Murya samya | rêmbagipun arsa jinênêngkên aji | nênggih Pangran Dipatya ||

36. rêmbage wau kiyai patih | Radèn Bagus Sateja punika | arsa jinujung lungguhe | agêntosana ratu | Sunan Kudus datan marêngi | tanapi Sunan Murya | nênggih datan pêthuk | Sunan Kudus angandika | iku jêbèng yèn marêngi karsa mami | puniku tan prayoga ||

37. ikang layak dadyaa nrêpati | iya anak Pangeran Dipatya | iku patut lan gamane | bapa tumêkèng lampus | iya anak ikang gêntèni | iku patut lan sarak | kukumilahipun[50] | kyai patih kalêrêsan | dadya narah wau karsane

--- [f. 81v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 17 dari 79

sang yogi | sumăngga karsa tuwan ||

38. nulya wau jinujung kang ligih | Pangran Dipatya wus madêg nata | para wali pan sêksine | miwah kyai pangulu | wau ikang sami ngastrèni | umung kang wadyabala | wong Dêmak sadarum | sakèhing para aliya | sampun mantuk sadaya tan ana kari | samya mulih sadaya ||

39. apan kadya jênênge nrêpati | Sultan Dêmak ikang sampun seda | kagêntosan ing putrane | gêmah sakaliripun | ênêngêna kang madêg aji | nênggih kang kawuwusa | wau radèn bagus | tansah wêrdatin kang nala | agung tapa kirang dhahar kirang guling | sangêt banting sarira ||

40. Dyan Sateja nulya kesah nênggih | apan sare nèng masigit Dêmak | awayah têngah wêngine | nulya sare sang bagus | nuli ana lintang kang prapti | nênggih sasmita Ngalah | wau ikang rawuh | anèng saluhuring nendra | kagyat wungu sira wau radèn mantri | apa mêncarong[51] ika ||

41. Dyan Sateja angandika aris | atêtanya kang mêncarong ika | apa nèng sun luhur sare | nulya litang[52] sumaur | isun litang têka wiyati | wêwarah marang sira | milanisun rawuh | kang sira sêdya wus kêna | mati raga kirang dhahar layan guling | wus kêna dening sira ||

42. nanging sira babada dèn aglis | sakidule Gunung Kêndhêng ika | dadi nêgara ing têmbe | sira pan dadi ratu | ing bang kidul karèh sirèki | kasrah marang ing sira [si...]

--- [f. 82r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 18 dari 79

[...ra] | ing bang kidul suyud | nulya muluk punang lintang | mring wiyati nulya sujud radèn mantri | muka kojêm pêrtala ||

43. byar raina rahadèn wus mulih | lajêng asowan dhatêng sang nata | malêbu ing byantarane | wus cundhuk mring sang prabu | angandika sri narapati | lah paran ikang karsa | babo arinisun | Dyan Sateja matur nêmbah | igih wontên mila sowan panduka ji | nênuhun jêng panduka ||

44. pan kawula sampeyan lilani | igih arsa taruka punika | ing Wukir Kêndhêng kidule | wana wiyar kalakung | igih owêl punika gusti | dening kalakung wiyar | kang wana puniku | mila sun akarya praja | yèn wus gêmah katura panduka gusti | sultan èmêng kang nala ||

45. amicarèng sultan jroning ati | isun dhingin pinêtik ing rama | duk kala maksih jênênge | nêgara Dêmak iku | nora nana ingkang duwèni | amung jênêng manira | kang wênang puniku | ana dening sutaniwang | nora wênang agêntèni jênêng mami | pangandikane rama ||

46. dadya ngandika maring kang rayi | Sultan Dêmak anarah ing karsa | dadya alaga[53] galihe | ngandika sang aprabu | animbali marang kang abdi | nênggih wong kawan dasa | wus prapta ing ngayun | angandika sri narendra | bocah isun patang puluh iku nênggih | kabèh padha milua ||

47. isun gawakakên mring si adhi | atur sêmbah Rahadèn Sateja | sumukêm pada karone | nulya radèn rinangkul | mring kang raka [ra...]

--- [f. 82v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 19 dari 79

[...ka] jêng sultan nênggih | dadya mijil kang waspa | wau sang aprabu | dyan lumèsèr[54] saking ngarsa | mandhêg nolih kang raka lawan kang rayi | dadya pêgat trasnanya[55] ||

48. nulya mangkat wau radèn mantri | saha bala tan kawarnèng marga | wus prapta Gunung Kêndhênge | nulya lampahnya darung | Salatiga sampun kawiking | nulya prapta sêmana | ing Pajang wus rawuh | sigra wau trinukanan[56] | binabadan wadya kawan dasa nênggih | samya bobak[57] sadaya ||

49. lami-lami wus tipis wanadri | pan kasusra i wong maca[58] desa | maca pat maca limane | samya suyud sadarum | tumut bobak ikang wanadri | sakèh kêkayon wana | wus sirna sadarum | sampun talatar sadaya | gilar-gilar pomahan pan sampun warni | apan kadya nêgara ||

50. duk sêmana wau Sunan Kali | nulya prapta maring wana Pajang | kapanggih layan rahadèn | aglis sumukêm suku | angandika Jêng Sunan Kali | hèh jêbèng wruhanira | iki nêgaramu | sira akaryaa kutha | Dyan Sateja umatur sarya ngabêkti | igih sami anyithak ||

51. nulya kesah wau Sunan Kali | ikang kari Rahadèn Sateja | sampun atrap banon kabèh | ya ta sawarninipun | ikang sami binêkta nênggih | sêmana aputusan | nênggih marang Kudus | tanapi mring Muryapada | sampun mintar datan kawarna ing margi | prapta Kudus sahturnya ||

52. nulya budhal Sunan [Suna...]

--- [f. 83r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 20 dari 79

[...n] Kudus aglis | atanapi wau Sun Murya |[59] budhal kering ing dutane | lajêng mring Dêmak wau | tan kawarna anèng ing margi | ing Dêmak sampun prapta | wus cundhuk sang prabu | Sultan Dêmak nulya budhal | saha bala datan kawarna ing margi | ing Pajang sampun prapta ||

53. Dyan Sateja ya ta angabêkti | nênggih wau dhumatêng kang raka | igih Jêng Sultan Dêmake | lawan wau sang wiku | Sunan Kudus lan Murya sigih | lan Sunan Kalijaga | wus prapta sadarum | nulya wau ingastrenan | Dyan Sateja nama Sultan Pajang nênggih | gêntêr patêr sauran ||

54. sigra budhal Sultan Dêmak nênggih | saha wadya kondur dhatêng Dêmak | lan Sunan Kudus Muryane | ênêngêna kang mantuk | kawuwusa jêng sultan nênggih | mung Sunan Kalijaga | wau ikang kantun | ya ta Kajêng[60] Sultan Pajang | agêguru dhumatêng ing Sunan Kali | sumungkêm ngastupada ||

55. datatita lingira ing nguni | Sultan Pajang miyos sinewaka | pêpêk kang wadyabalandhèr | dipati myang tumênggung | tăndha mantri lawan ngabèi | răngga dêmang lan Arya | kandhuruhan iku | waduaji anèng ngarsa | pan tumukul mukane kojêm ing siti | manêmbah mangarêpa ||

56. ênêngêna Sultan Pajang nênggih | kawuwusa Kanjêng Sultan Dêmak | sineba wadyabalane | bêbesanan sang prabu | lan kang rayi ing Pajang sigih | ing Dêmak putra lanang | Pajang wanodyèku | kang aran [ara...]

--- [f. 83v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 21 dari 79

[...n] Sutawijaya | putra Dêmak kambil mantu mring sang aji | nênggih Jêng Sultan Pajang ||

57. bêbêktane saking Dêmak nênggih | sangang èwu kèhira kang bala | samya lajêng wisma kabèh | gênti ikang winuwus | pan ing Dêmak pagêring[61] nênggih | larang udan lan pangan | kathah ikang lampus | wong sêsawah datan mêdal | laminira pitung tahun iku nênggih | ing Dêmak datan udan ||

58. duk sêmana Sultan Dêmak nênggih | pan lumèngsèr wau karatonnya | ing Prawata kadhatone | ing Dêmak kari suwung | duk sêmana jêng sultan nênggih | wus anèng ing Prawata | asalin jêjuluk | nênggih Jêng Sunan Prawata | asauran gêntêr patêr anauri | wukir Prawata munya ||

59. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kajêng Sultan Pajang | ikang anèng karatone | awibawa kalakung | sakidule ing Kêndhêng nênggih | samya kêrèh sadaya | marang sang aprabu | tanapi bang kilèn ika | ing têngahan Kêdhu ing Bagêlèn sami | kabawah Sultan Pajang ||

60. ênêngêna carita mangsuli | Radèn Lêmbu Pêtêng kang kocapa | wontên ing Tarub dununge | pinanggihakên sampun | lawan Dèwi Rara Nawangsih | Dyan Lêmbu Pêtêng ika | mring Ki Agêng Tarub | kalakung dinama-dama | Nimas Ra Nawangsih gènira krami |[62] tansah mijil kang waspa ||

--- [f. 84r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 22 dari 79

16. Mijil

[Ki Lembu Peteng patutan kaliyan dèwi Nawangsih peputra ki ageng Erang, ki ageng Erang peputra ki ageng Getas, ki ageng Getas peputra ki ageng Séla.[63]]

1. Ni Nawangsih amagung[64] gêng wingit | pan maksih karaos | kala maksih dèrèng pêpanggihe | dening wus manjing sudara wèdi | mangke dadi laki | tan nyana sang ayu ||

2. Ki Agêng Tarub cinatur lalis | datan winiraos | cinupêt datan panjang tuture | kang kocapa Ni Rara Nawangsih | karaos ing galih | lamun kawlasayun ||

3. tinilar ibu rama ngêmasi | tan ana kang mamong | nanging ataksih iya lakine | angrasani asih marang laki | wus mantun awingit | madhêp asmara kung ||

4. angadi-adi rupa sang dèwi | embanya pasênon[65] | agung angrêsiki sarirane | dhasar citrane amindha tulis | midêr rat tan olih | kang memba sang ayu ||

5. apan arja sinjang cindhe wilis | linud ing paraos | jiga[66] maruta kasêmêkane | tur rinêngga pigire tinêpi | ya ta anêlahi | awor lan mas murub ||

6. akalpika jumantên nêlahi | pangapit bang ijo | sêkang[67] bapang itên panunggule | kadi ta kilat barung lan thathit | cahyane kang sisih | ênggèning panugul ||

7. kênakane apanjang anglungid | sinom ropyoh-rompyoh[68] | lir sêkar manguning srinatane | rema apanjang mêmêk awilis | baune awiwing | agandhewa[69] rurus ||

8. waja amindha maniking [mani...]

--- [f. 84v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 23 dari 79

[...king] warih | mandra-mandra awor | lan tutung[70] randha iya manise | alis angroning emba nêlahi | tingale ajait[71] | manising pandulu ||

9. sêkar capaka binaud asri | cêcerong mas kaot | awida jênar arum gandane | rema kêbêk sêkar gandanya mrik | warnane dyah dèwi | lir wulan sumunu ||

10. surup yyang arka gumanti wêngi | myang căndra wus miyos | tanggal ping kawan wêlas kêncare | lir raina kang purnama sasi | pamêwahing sasi | trênggana mawêlu ||

11. sang kakung baud dhatêng ing rabi | jiwa raga awor | mulat ing garwa su[72] rêmpu tyase | lir cintaka ikang minta riris | ing tawang arami | mangsanya mawêlu ||

12. sang dyah ayu tan pêgat liniring | ing manah wirarong[73] | arêrêpa[74] kakung panadrane[75] | dhuh mirah gusti kang mindha tulis | baya nimas adi | gèn isun anyatu ||

13. dhuh kusuma gusti dawêg guling | suka ta kula mong | turunana kang warsa ing mangke | ngajapa lir bramana rêrêngih | sajroning ngugèni[76] | gènnya amrih santun ||

14. sang rêtna ayu anêdha liring | apatut patêmon | radèn ing tingal kari manise | sinarèkakên kang mindha tulis | kakung aningali | manahe su rêmpu ||

15. sang dyah ingaras awanti-wanti | anyêngkah jaja lon | lir madu brăngta lakung wuwuse | anarèkkên[77] ingkang mindha Ratih | tansah dèn sarêngi | juwitaning [juwi...]

--- [f. 85r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 24 dari 79

[...taning] arum ||

16. sinarèkên[78] sang rêtna aririh | srênggara kalangon | ing jro tilam nêkakkên kaptine | wêkasane sinjang sampun kongkih | acampuh sarêsmi | kepyan kang pulangyun ||

17. sang dyah ayu murcita ing rêsmi | sarira kalêson | êmar alupa tanpa jiwane | ya ta sang kakung wêlas ningali | ingaras sang dèwi | sarêng lan pangrurum ||

18. ya ta alilir[79] kusuma adi | dewaning paturon | sampun age murcita rahadèn | sarêng lawan pun kakang gusti |[80] dipun tulus asih | mirah jiwanisun ||

19. wus sinakyenan wau kang rayi | alilir sang sinom | adan sinambut wau garwane | binakta maring patirtan nuli | asiram sang dèwi | lawan kakungipun ||

20. sampun wêdhar ikang pulang rêsmi | alênggah karoron | ya ta sami kalakung asihe | ikang garwa tan pêgat liniring | miwah sang lyir Ratih | ing kakung andulu ||

21. upamane alyir pendah mimi | gènira kararon[81] | datan kêna pisaha rahadèn | siyang dalu tansah akaron sih | pan sampun alami | gènira têtêmu ||

22. ya ta sampun kang rama ngêmasi | atut sakararon | ikang mantu gêntosi ligihe | Radèn Lêmbu Pêtêng Majapait | gêntèni kang nami | ki agêng ing Tarub ||

23. wus alami gènira akrami | sang rêtna wus babot | nênggih sawulan warsa lamine |

--- [f. 85v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 25 dari 79

saya ayu citrane sang dèwi | lir wulan upami | ing purnamanipun ||

24. sampun jangkêp sêmayane sasi | gènira ababot | nulya ambabar jabang bayine | miyos jalu warnane apêkik | cahyane nêlahi | lir wulan sumunu ||

25. rama ibu lakung gènira sih | kang putra ingêmong | ya ta sampun sêdhêng panyapihe | ikang atmaja sampun sinapih | mêngkana winarni | kusumaning ayu ||

26. Dèwi Nawangsih awawrat malih | putra miyos wadon | nênggih kêkalih putra dadine | cinatur jalu kalawan èstri | wus aputra sigih | mêngkana winuwus ||

27. Ki Lêmbu Pêtêng wus angêmasi | tan tulus kararon | nuli cinupêt panjang tuture | Ki Agêng Tarub wus angêmasi | mêngkana winarni | nênggih putranipun ||

28. putra kêkali[82] sampun akrami | ikang winiraos | putra jalu punika wastane | Ki Agêng Êrang Panjawi nênggih | putrane kang èstri | pan akrama antuk ||

29. Ki Agêng Êrang wau winarni | atut sakararon | gènnya krama kalakung asihe | ikang raka lawan ikang rayi | mêngkana winarni | wau putranipun ||

30. Ki Agêng Gêtas Panjawi nênggih | ikang winiraos | apêputra pêpitu kathahe | cinatur nênêm ikang pawèstri | kang sêpuh pribadi | satugil kang jalu ||

31. Ki Agêng Sela ikang wêwangi | ari

--- [f. 86r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 26 dari 79

sami wadon | Nyai Gêdhe ika pagulune | nuntên Nyai Gêng ing Purwa nênggih | arinipun malih | ya ta wastanipun ||

32. Nyai Gêdhe ing Karèng[83] winarni | wus sami kararon | Nyai Karang anuli arine | Nyai Gêdhe ing Wangsulan nênggih | anuli kang rayi | ya ta wastanipun ||

33. Nyai Gêdhe ing Bakèng[84] anuli | gênti winiraos | Nyai Agêng Adibaya wastane |[85] sampun jangkêp pêpitu anênggih | nênêm ikang èstri | asmara kang jalu ||

17. Asmaradana

[Ki ageng Séla nyepeng gelap. Ki Panjawi lan ki Pamanahan suwita dhateng sultan Pajang.[86]]

1. nênggih kang sêpuh pribadi | Kyai Agêng ing Sêsela | apan iku pambayune | kang rayi èstri sadaya | sampun sami akrama | gènnya kêkadang apatut | wus dhukuh sewang-sewangan ||

2. mêngkana ikang winarni | Kyai Agêng ing Sêsela | kang dadi pangaubane | kang rayi èstri sadaya | sangêt subêktinira | taklim dhatêng kadangipun | pan kinarya panêmbahan ||

3. pakaryane asêsabin | kang adhêkah ing Sêsela | punika pagaotane[87] | agaga lawan têtêgal | mangke ta kawarnaa | miyang sabin apêpacul | ing wayah sampuning andhap ||

4. kala udan riwis-riwis | lawan mêndhung alimêngan | nanging amêmacul dhewe | datan ana rowangira | Ki Agêng ing Sêsela | mêngkana ikang winuwus | watên kaki-kaki prapta ||

--- [f. 86v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 27 dari 79

5. ikang rupa kaki-kaki | amarani ênggènira | ki agêng kagyat manahe | dene têka tanpa sangkan | têtiyang kaki tuwa | amarani amêmacul | sarêng apêrêk sêmana ||

6. kang arupa kaki-kaki | tangginas nulya cinandhak | ya ta jumêgur syarane | kang gêlap sampun binasta | dening Ki Agêng Sela | kang gêlap binêkta sampun | katur dhatêng Sultan Dêmak ||

7. sampun kinunjara wêsi | kaki-kaki kang binasta | wus pitung dina lamine | ana nini-nini prapta | atijo[88] mring ki tuwa | pan sarwi ambêkta banyu | kunjara nulya siniram ||

8. sang gêlap anulya muni | syarane lir gunung rêbah | kunjara wêsi wus bajod[89] | gêlap mumbul ing awiyat | jêngêr ikang tumingal | wong Dêmak sami gêgêtun | prasamya angling sadaya ||

9. kang arupa nini-nini | atijo anyiram toya | ragane ika bojone | kasusra kajana priya | Ki Agêng ing Sêsela | katog rosa sêktinipun | pratandhane nyêkêl gêlap ||

10. gêntia ikang ginupit | pan watên dhêdhalang pruwa | nênggih Ki Bicak namane | dhêdhalange Sultan Dêmak | ama[90] dhatêng Sêsela | cinatur rabine ayu | luwih saking ing sudarma ||

11. lanang wadon angrasani | rabine dhêdhalang purwa | dening ta ayu warnane | sami angalêm sadaya [sa...]

--- [f. 87r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 28 dari 79

[...daya] | sakèh ikang uninga | ya ta awêsaning katur | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||

12. dhêdhalang kinèn matèni | rinêbata ing akathah | pêpêk wong Sêsela kabèh | dhêdhalang pruwa wus pêjah | kinêmbulan ing kathah | sampune Ki Bicak lampus | rabine lan darbenira ||

13. katur sêdayane sami | dhatêng Ki Agêng Sêsela | miwah rigit[91] lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | mring Ki Agêng Sêsela | mantun dènnya darbe kayun | dhatêng rabine ki dhalang ||

14. sampune Ki Bicak kêni | kalakung sukaning manah | pan saking mawane bêndhe | mantun gènnya darbe karsa | ing rabine ki dhalang | pan lami-lami winuwus | punang bêndhe ingastrenan ||

15. dening susunan ing Kali | yèn bêndhe dadi têngêran | sapa ikang duwe têmbe | pinasthi dadi narendra | bêndhe têngêraning prang | yèn bêndhe munya angukung | pasthi mênang punang yuda ||

16. sampunnya ngalami-lami | Ki Agêng Sela pêputra | nênggih pêpitu kathahe | nênêm kang sami wanodya | jalu ikang satugal | anênggih wuragilipun | kang miyos jalu punika ||

17. pan sampun sami akrami | wau kang putra sêdaya | pan wus salu panti dhewe | mawi dhêkah sewang-sewang | atut dènnya kêkadang | apan kathahe

--- [f. 87v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 29 dari 79

pêpitu | kang putra Ki Agêng Sêsela |[92]|

18. panbajêngipun[93] winarni | Nyai Agêng Lurung Têngah | nulya malih pagulune | nênggih nyai gêng ing Saba | anuli arinira | Nyai Agêng Bangsri iku | anulya malih arinya ||

19. nênggih nyai gêng i Jati | nuntên malih arinira | nyai gêdhe ing Patanon | lah ta malih arinira | punika rayinira | nyai gêng ing Pakis Kidul | wuragil jalu kang nama ||

20. anênggih Ki Agêng Ênis | punika ayun pratela | kang tinutur sajarahe | mêngkana ta cinarita | nyai agêng ing Saba | pan kêkalih putranipun | jalu kalawan wanodya ||

21. ikang asêpuh pawèstri | kang anom jalu winarna | Kiyai Juru namane | mêngkana abêbesanan | pan kacatur sêmana | warnane besan sadulur | pan aja kaparèng têbah ||

22. kang putra Ki Agêng Ênis | awasta Ki Pamanahan | pan sampun pinanggihake | lawan putrane kang uwa | nyai agêng ing Saba | kapêrnah ipe Ki Juru | kalawan Ki Pamanahan ||

23. mêngkana kinăndha malih | amangsuli kang pocapan | ikang cinatur arine | Nyai Gêng Gêtas Panjawa | èstri sampun akrama | punika ikang winuwus | awasta Ni Agêng Êrang ||

--- [f. 88r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 30 dari 79

24. kêkalih sanak winarni | Nyai Gêng Gêtas Panjawa | satugal èstri arine | iya ikang ingaranan | nyai agêng ing Êrang | têdhakipun kang cinatur | Nyai Gêng Êrang pêputra ||

25. jalu warnane apêkik | kalakung dinama-dama | sampun mêpêg biraine | pan sampun apalakrama | asih gènnya kalihan | mêngkana aputra jalu | wus akrama ingaranan ||

26. kang jênêng Ki Agêng Pathi | Ki Agêng Pathi pêputra | Ki Panjawi kêkasihe | warnane bagus utama | sampuning lama-lama | Ki Panjawi kang winuwus | anulya ingambil putra ||

27. dhumatêng Ki Agêng Ênis | wus kadi gènira yoga | sampun manjing sadulure | kalawan Ki Pamanahan | datan kêna pisaha | ing siyang kalawan dalu | pan sampun saekapraya ||

28. marmanipun Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | ingaranan sadulure | tugal saibu sarama | ikang dèrèng uninga | anadene Kyai Juru | ipene Ki Pamanahan ||

29. panjang carita winarni | sasampuning lama-lama | Ki Agêng Ênis putrane | pan ingambil pawong sanak | dhumatêng Sultan Pajang | pasihanira kalakung | sinung dhêkah ing Lawiyan ||

30. sêmana Ki Agêng [A...]

--- [f. 88v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 31 dari 79

[...gêng] Ênis | jumênêng Kyagêng Lawiyan | ya ta ikang putra karo | Ki Panjawi Pamanahan | sumawita ing Pajang | asal pangawulanipun | prasamya kinakang-kakang ||

31. ikang wasta Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | cinatur tugal paguron | kalawan sultan ing Pajang | mila kinakang-kakang | dening sami tugil guru | mring Susunan Kalijaga ||

32. ucapên Ki Agêng Ênis | kang dhêdhêkah ing Lawiyan | pan sampun puput jênênge | mantuk dhatêng kramatullah | sinare ing Lawiyan | kang putra kêkalih iku | Ki Panjawi Pamanahan ||

33. sumawita Pajang kalih | anglurahi wong tamtama | dipati lakung asihe | Ki Panjawi Pamanahan | pan ingakên sudara | ingandêlakên ing kewuh | ambaurêksa nêgara ||

34. kala sêmana winarni | dipati dèrèng pêputra | tan drêman ika putrane | anênggih Ki Pamanahan | kathah atmajanira | nênggih cacahe pêpitu | kang sami jalu lêlima ||

35. ikang pawèstri kêkalih | jangkêp pitu ingetang |[94] tan wikan sêpuh kang anèm | duk sêmana sinêngkalan | kang seda ing Lawiyan | rupa gana warna ratu |[95] sêngkala lir guladrawa ||

18. Dhandhanggula

[Ki Pamanahan peputra radèn Bagus, kapupu dening sultan Pajang sinungan nama radèn ngabèhi Saloring Pasar. Sunan Prawata kaperjaya utusanipun arya Jipang. Ki Panjawi lan ki Pamanahan sagah aprang tandhing mengsah arya Jipang.[96]]

1. jalu gangsal kang èstri kêkalih [kêka...]

--- [f. 89r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 32 dari 79

[...lih] | iku putrane Ki Pamanahan | kang sami jalu warnane | anênggih Radèn Bagus | lawan malih Rahadèn Santri | dene ikang satugal | wasta Radèn Jambu | lan malih ikang anama | Radèn Tampah lan Radèn Kadhawung nênggih | jangkêpipun lêlima ||

2. pêpitune pawèstri kêkalih | iku putrane Ki Pamanahan | kalawan malih kandhane | kang nama Radèn Bagus | pan pinupu putra anênggih | dhumatêng Sultan Pajang | kala timuripun | linêbokkên panakawan | nyêmut gatêl karakêt asaba puri | pinipil alit mila ||

3. kadi putra ênggènira yogi | sultan ing Pajang dèrèng pêputra | kinarya lanjaran wiyose |[97] ngakên putra pambayun | warnanipun luwih apêkik | Radèn Bagus sêmana | apan maksih timur | awor lawan panakawan | nyêmut gatêl sigêgên datan kawarni | ucapên ing carita ||

4. watên gêntia winuwus malih | Susunan Kudus ikang kocapa | kang ginuron mring wong akèh | dipati para ratu | puruhita datan gumisir | susunan ing Prawata | aguru ing Kudus | lan malih Arya Panasang[98] | agêguru suhunan ing Kudus sigih | sumukêm patakonan ||

--- [f. 89v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 33 dari 79

5. nanging Susunan Prawata nênggih | amalih kapti apatakonan | pan kêkalih pagurone | dhingin sunan ing Kudus | kaping kalih Susunan Kali | kunêng ta kawarnaa | susunan ing Kudus | dhumatêng Ki Arya Jipang | lah ki arya apa ta kukume kaki | wong ngalapdho upama ||

6. Ki Arya Jipang matur ngabêkti | igih ukumipun pinêjahan | tiyang ngalapdho ukume | wangsul amba yun wêruh | sapa sitên tuwan raosi | risaksana ngandika | susunan ing Kudus | kakangira ing Prawata | iya rane ikang amalih kapti |[99] umatur Arya Jipang ||

7. igih punapa ingantos malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ikang asagup | Arya Jipang matur ngabêkti | yèn watên pangandika | kawula kang sagup | angukumakên ing pêjah | angandika Susunan Kudus ngajani | lah payo lêkasana ||

8. Arya Jipang wuwuse adhêmit | duk angawe lurah kajinêman | apan sampu[100] tautate | anyidra para ratu | ingandêlkên sira ing dhêmit | pan rare sêsêliran | awasta pun Rakut[101] | ingatag mangkat tur sêmbah | tan kawarna lampahe pun Rakut prapti | kadhatoning [kadhato...]

--- [f. 90r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 34 dari 79

[...ning] Prawata ||

9. Sunan Prawata agêrah ligih | lêlendhehan maring ikang garwa | nulya pun Rakut dhatênge | tinakenan pun Rakut | paran karyanira mariki | pun Rakut atur sêmbah | kawula pinutus | anyidra dhatêng sampeyan | angandika Susunan Prawata sigih | lah mara lêkasana ||

10. nanging aja angambat-ambati[102] | Rakut ika sun jaluk ing sira | amung awak isun dhewe | pun Rakut narik dhuwung | nulya goco jaja trus gigir | karantas dhatêng garwa | sajrone pan emut | sira Rakut balidrang ujar |[103] milanipun dhuwung pun Bêthok tinarik | kajinêman sinawat ||

11. saking ampuhe dhuwung ngênani | pun Rakut kêna ing kêmbang kacang | ukur kabêlèr kulite | aniba nuli lampus | ya ta sarêng gènnya ngêmasi | susunan ing Prawata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuhan | sinêngkalan guna cepta warnèki |[104][105] Prawata kang karona[106] ||

12. kang tan suka arine pawèstri | kang sadhèrèk Susunan Prawata | Mas Ratu Kalinyamate | nêdha ukum mring Kudus | lampahira sampun sarimbit | rawuh ngayunanira | susunan ing Kudus | matur Nimas Kalinyamat | milanipun kawula marêk mariki | anêdha kukum tuwan ||

13. igih pun kakang dipun pêjahi |

--- [f. 90v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 35 dari 79

dening utusane Arya Jipang | punapa ing saukume | angling sunan ing Kudus | sayêktine wong utang pati | yaktine pinêjahan | iku ukum isun | Nimas Rara Kalinyamat | nulya mantuk apamit wau sarimbit | ya ta ikang kocapa ||

14. Ki Arya Jipang ngadhang ing margi | lakinira Nimas Kalinyamat | ikang dèn êprih patine | pinêgatan dalagung[107] | kinarubut wus angêmasi | ya ta nangis alara | sira nimas ratu | dhingin tinilar ing kadang | kaping kalih tinilar marang ing laki | apan kinaniaya ||

15. datan mantuk ing Dêmak nagari | bajur atapa wukir satata | ing Danaraja gununge | ênggènira ambangun | kasubrăngta amanting ragi | gènnya tapa wêwuda | nanging tapih rambut | asangêt atèng[108] sarira | suwarnane têtilare kanjêng syargi | satata pan binêkta ||

16. nimas ratu karya pasanggiri | ucap benjang isun asinjanga | yèn ana uwis belane | patine lakinisun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patinipun | pan isun tan arsa sijang[109] | lamun durung ana sanggup amatèni | marang Si Arya Jipang ||

17. yèn ta anaa sagup matèni | Si Arya Jipang wus ujar iwang | isun amawongan ngèngèr | nuli isun apinjung [api...]

--- [f. 91r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 36 dari 79

[...njung] | lamun Arya Jipang ngêmasi | lan salawasaneya | nora sinjang isun | yèn tan durung asal bela | ya ta muni gêntêr patêr anauri | gumêdêr ngawang-awang ||

18. kawarnaa risampunnya lami | gènnya tapa Wukir Danaraja | kalakung sangêt wirange | mêngkana kang winuwus | ikang rayi dèn andikani | kanjêng sultan ing Pajang | mring partapanipun | kang ngandikan nulya prapta | saha bala mantri ing Pajang umiring | dipati krig sadaya ||

19. kang kulawarga samya angiring | Ki Panjawi lawan Pamanahan | tan kêna têbih lampahe | atanapi Ki Juru | ya ta tumut wau lumiring | miwah ikang anama | wau Radèn Bagus | apan maksih manakawan | duk sêmana pan tumut angiring-iring | ambêkta usap tangan ||

20. Sultan Pajang apan sampun prapti | ing pratapan Wukir Danaraja | gumêrah andhèr balane | sultan sampun acundhuk | lan kang raka kagyat ningali | dening dèrèng asinjang | maksih tapih rambut | aturipun Sultan Pajang | mring kang raka wêcana angasih-asih | kakang andika sinjang ||

21. nimas ratu alon anauri | isun i benjang yayi asinjang | yèn wus olih prayogane | i wong ikang asanggup | Arya Jipang ikang matèni | iku isun asijang | lamun durung lampus [lampu...]

--- [f. 91v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 37 dari 79

[...s] | kang aran Arya Panasang | apan isun yayi tan arsa atapih | nadyan tumêkèng pêjah ||

22. lawan uwis ujar isun yayi | lamun ana ikang nagupana[110] | Arya Panasang patine | nuli isun apinjung | angawula isun ngèngèri | syargine kakangira | satêtilaripun | sêlir lawan para garwa | isun yayi sumăngga ing asta kalih | miwah rajabêrana ||

23. wus agêlar ngarsane kang rayi | sêlir ikang lawan para garwa | bêdhaya anèng wurine | warnanya ayu-ayu | atanapi bêrana adi | wus ginêlar sadaya | marang nimas ratu | alah yayi tingalana | iki kabèh têtilare kanjêng syargi | yayi mas kakangira ||

24. Sultan Pajang umatur ngabêkti | alah kakang andika sinjanga | kang raka aris saure | lamun sira asanggup | pasthi isun yayi atapih | lah paran karsanira | Sultan Pajang matur | igih jêngandika sijang | pan kawula kakang kang sagup matèni | dhumatêng Arya Jipang ||

25. amiyarsa ature kang rayi | nimas ratu anulya asijang | kalakung lêga manahe | Sultan Pajang andulu | ing pawèstri kang anèng wuri | dhatêng ragêm kang manah | sultan duk andulu | amatur kakang punika | yèn suwawi ikang alênggah ing wiking | ikang kawula têdha ||

26. nimas ratu sira anauri | isun yayi pan dhatêng sumăngga | nulya [nu...]

--- [f. 92r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 38 dari 79

[...lya] ingandikan age | èstri kinèn aluguh | nèng wurine wau kang rayi | nanging èstri punika | dede garwanipun | Kanjêng Susunan Prawata | pan rabine ikang kajinêman nênggih | kang kinarsakên[111] sultan ||

27. apan lakine pan maksih urip | pawèstri wau sampun tinampan | sultan apamit karsane | kakang kawula kondur | ikang raka sampun lilani | sumukêm ing sukunya | mangusapi lêbu | budhal saking ing aldaka | Sultan Pajang kang wadyabala angiring | saking ing Danaraja ||

28. gêgancangan tan kawarnèng margi | sampun rawuh nêgari ing Pajang | sultan sawadyabalane | kawarnaa ing dalu | kajinêman kang duwe rabi | kang binêkta ing sultan | manahe tan surud | gunêm bature sadaya | karsanira wau anyidra ing wêngi | dhumatêng Sultan Pajang ||

29. kajinêman papat padha sêkti | jangji kang tigan sapatarangan | rêmpu siji rêmpu kabèh | awayah têngah dalu | wus malêbu ing dalêm puri | sultan eca anendra | kajinêman rawuh | sarêng anarik curiga | marêpêki pasarehaning nrêpati | sultan eca anendra ||

30. anêrajang sarêng anuduki[112] | wanti-wanti ing pagoconira[113] | sultan sakeca asare | ya ta panudukipun | pangrasane lir lalêr mampir |

--- [f. 92v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 39 dari 79

kagyat kang para garwa | anangis gumuruh | anyana lamun kabranan | sultan kagèt yèn para garwa anangis | gumuruh anèng dagan ||

31. padanira kang dipun sukêmi | kawarnaa kajinêman papat | tan bisa lunga ngênggone | gumêtêr sami lumpuh | Sultan Pajang ngandika aris | hèh kajinêman sira | muliha ngumahmu | sarta ginanjar kang dhustha | pinangadêg pan kinèn mulih tumuli | mênawa kawênangan ||

32. dening pugawa kalawan mantri | awêkasan nêmahi pralaya | kang dhustha nêmbah sira ge | kajinêman wus mantuk | won sakawan tan nyana urip | wus prapta wismanira | sigêgên winuwus | sêmana sampun alama | Sultan Pajang emut sêmayane uni | mring nimas ing Prawata ||

33. natkalanira sultan nanggupi | ing patinira Ki Arya Jipang | karaos ing pracayane | kang raka nimas ratu | Kalinyamat kang sangêt amrih | patine Arya Jipang | milane mas ratu | kang rayi sangêt pinular | Sultan Pajang pan sira sampun nanggupi | patine Arya Jipang ||

34. Sultan Pajang kacarita malih | apan sampun make aputputra[114] | ikang dados lanjarane | kang aran Radèn Bagus | alit mila nênggih pinipil | Radèn Bagus kinarya | putra kang pambayun | marmane adarbe putra | Sultan Pajang sira sarêng amêmipil | nulya adarbe putra ||

35. têtiga [têti...]

--- [f. 93r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 40 dari 79

[...ga] putra kang sami èstri | jalu putrane ikang pamêkas | Radèn Bênawa wastane | watên dening kang sêpuh | wus akrama asal dipati | ing Dêmak cinarita | dene kang pagulu | asal dipati ing Tuban | kang panêngah akrama asal dipati | ing Bantên kang anama ||

36. apan sampun sami ambupati | atanapi Pangeran Bênawa | putra jalu wuragile | badhe gêntosi prabu | ikang mêngku Pajang nêgari | lan malih kawarnaa | sira Radèn Bagus | wus kawawi ngêmbat atang[115] | Radèn Bagus pan sampun jinujung ligih | dening Jêng Sultan Pajang ||

37. mapan sampun sinungan kêkasih | Radèn Ngabèhi Saloring Pasar | kanjêng sultan lakung sihe | aglis babad winuwus | cinarita sampun alami | sultan gènnya ubaya | lan kang raka ratu | nênggih nimas ing Prawata | kanjêng sultan ing Pajang nênggih nanggupi | pêjahe Arya Jipang ||

38. Sultan Pajang suwara ing mantri | pêpêk para Adipati Pajang | sakèhing kandhaga lante | pêcaktăndha tumênggung | waduaji lan angabèi | dêmang lan pandêlêgan | jêjêl anèng ngayun | sultan miyos sinewaka | duk pinarak ing kathil prangamadani | pan rinênggèng kancana ||

39. Sultan Pajang ngandika mring mantri | sakathahe wadyanisun Pajang | sapa năngga ing yudane | Si Arya Jipang iku | aprang tandhing myang dhêmitnèki | sapa ikang sumanggupa |[116] sayêmbaraningsun | nuli [nu...]

--- [f. 93v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 41 dari 79

[...li] tampaa ganjaran | pan nêgara Mataram lawan ing Pathi | iku ganjaran iwang ||

40. sakathahe kang para dipati | pan tinari pugawa ing Pajang | tan ana purun ature | datan ana sumanggup | kang amusuh tandhing kuwani[117] | kalawan Arya Jipang | apan wus misuwur | pilih bobote yèn aprang | Arya Jipang digdaya pilih tumandhing | kèringan parangmuka ||

41. antaranira sampun alami | sayêmbaranira Sultan Pajang | wus pratela ganjarane | nagri Mataram iku | lan nêgara nênggih ing Pathi | kang kinarya ganjaran | sapa kang sumanggup | amusuha Arya Jipang | kang tinari sadaya tan ana wani | para mantri ing Pajang ||

42. ya ta mangke ka winarnèng kawi | Ki Panjawi lawan Ki Pamanahan |[118] katiga lawan kang ipe | kang wasta Kyai Juru | duk agunêm kalaning wêngi | masalah sayêmbara | wau kang winuwus | pan sami ngrasa yèn merang | dening para bupati tan ana wani | musuh mring Arya Jipang ||

43. Kyai Juru mangkya muwus aris | apa sayêmbarane jêng sultan | mapan agêng ganjarane | mêngkono jangjinipun | ing Mataram lawan ing Pathi | têka para sagupa | nglawana prang pupuh | kalawan Si Arya Jipang | wong kêkalih sami atandhing kuwanin | ngadua kasantikan ||

44. Ki Pamanahan mangkya nauri | sarwi gumuyu pamuwusira | dene agampang ki ipe | pintên suwening sanggup | mapan kari gêdhe

--- [f. 94r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 42 dari 79

lan cili | ijab cacah wong Jipang | tiyang wolung èwu | wong salêksa mapan ana | Ki Panjawi anulya sira nambungi | bênêr saking pun kakang ||

45. mila mantri ing Pajang tinari | tan ana wani mring Arya Jipang | dening awrat sêsanggane | Ki Pamanahan muwus | têkèng têmahing wong ajurit | musuh mring Arya Jipang | sapa kang dèn adu | sanak-sanak pêkênira | boya kathah ikang milu bayapati | mênawi ta wong dhomas ||

46. sarupane têkaning wong cili | sabalane sanak pêkênira | liwat dhomas cacahe |[119] Ki Juru gya sumaur | pan manira sanggup toh pati | yayi ing pêkênira | ing wong aprang pupuh | boya dening wong akathah | pan manira yayi sagup mangekani | musuh mring Arya Jipang ||

47. pan manira wruh têtêkonnèki | Arya Jipang lubèr ing manahnya | wong sugih wani watêke | awantêr manahipun | nora kêna dèn sêsumbari | yèn tinantang ing aprang | aglis nuli rawuh | lamun si anêkanana | Arya Jipang aprang tandhing padha siji | ora si yèn ulapa ||

48. yèn prang papak nora ulap mami | Arya Jipang nyata yèn digjaya | sun prih si padha ijène | wong têtiga wus rêmbug | ya ta sampun anunggal kapti | angling Ki Pamanahan | dhumatêng Ki Juru | lah sakarsa pêkênira | pan manira kalawan yayi Panjawi | darma-darma lumampah ||

49. igih manira darma nglampahi [ngla...]

--- [f. 94v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 43 dari 79

[...mpahi] | pêkênira bêbotohi yuda | manira nglampahi pakèn | nêdha ing besuk esuk | lamun sultan miyos tinangkil | nêdha padha aseba | sarêng wong têtêlu | nulya dalu tan kawarna | enjang miyos sultan sineba sitigil | pêpak kang wadyabala ||

50. Sultan Pajang angandika aris | sakathahe wadyanisun Pajang | para mantri sakabèhe | ana ta kang sumanggup | sarupane pugawa mantri | musuh Ki Arya Jipang | para mantri matur | abdi dalêm mantri Pajang | sawarnine tan ana ikang nagupi | dhatêng pun Arya Jipang ||

51. nanging watên gusti ananggupi | kawula kănca lurah tamtama | kêkalih sanak kathahe | punika kang sumanggup | musuh aprang tandhing kuwani | kalawan Arya Jipang | sultan nulya dulu | dhumatêng Ki Pamanahan | Ki Panjawi rowange jajar aligih | Sultan Pajang ngandika ||

52. sokur ta lamun ki raka kalih | sagup amusuh Ki Arya Jipang | tan kaliya ganjarane | igih ki raka sagup | amusuh prang tandhing kawanin | Panjawi Pamanahan | sami aturipun | igih purun amusuha | yèn kawula ngêmban sabda sri bupati | rèh nglampahi ayahan ||

53. suka gumujêng bungah kang galih | sultan jêngkar gènnya sinewaka | mantri wus luwaran kabèh | Ki Juru makya[120] muwus | lah ta yayi wis padha mulih | sami aparêmbagan | sampun sami mantuk | sapraptanira ing wisma |

--- [f. 95r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 44 dari 79

sampun dandan sabusananing ajurit | lir wong barêg[121] maesa ||

19. Durma

[Arya Jipang pejah, amargi kawon perang tandhing mengsah ki Panjawi lan ki Pamanahan.[122]]

1. kawarnaa Ki Panjawi Pamanahan | sampun siyaga sami | sigra ngatag bala | sadandaning ayuda | Ki Juru kang bêbatohi[123] | kang kulawăngsa | sadaya samya prapti ||

2. wong Sêsela akathah prasanakira | sadaya samya prapti | sarerehanira | sami prapta sadaya | wong Sêsela kêrig lampit | ya ta atembak | agêgêng[124] punang baris ||

3. cacahipun sakathahe wong Sêsela | dhomas sarupanèki | sigra nulya budhal | saking nêgara Pajang | gêgamanira ngajrihi | kang anèng ngarsa | padha wong sugih wani ||

4. dèn warnanên putrane Ki Pamanahan | lumampah anèng wuri | kang anama sira | Ngabèi Loring Pasar | sakathahe ikang ngiring | piyandêling prang | padha wong kang sinêlir ||

5. lampahira pan amindha wong adagang | mêmikul kang dhimini | pan kinarya sêmang | tan amawi gêgaman | barise wus dèn rancapi | mindha wong dagang | barise wuri têbih ||

6. lampahira datan kawarna ing marga | kêbat lampahing baris | pêpikul ing ngarsa | kang mindha wong adagang | prapta sakilèn bênawi | amasanggrahan | sabrang kilèn bênawi ||

7. gènnya mondhok sabrang kilèning bangawan | wastane kang bênawi | Sore cinarita | anulya prapta samya | gêgaman kang anèng wuri | tiyang tamtama | kang trêsna atut wuri ||

--- [f. 95v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 45 dari 79

8. wong ing Pajang muwah sira wong tamtama | trêsnanira kêpati | mring Ki Pamanahan | Panjawi lawan sira | tumut sira nglurug sigih | amasanggrahan | mangke kasaput wêngi ||

9. pan ing dalu Kyai Juru parêmbagan | kalawan Ki Panjawi | myang Ki Pamanahan | ana ing pasanggrahan | tanapi Radèn Ngabèi | Saloring Pasar | sami arêbat pikir ||

10. lah Ki Bayi kadipundi karsanira | Kyai Juru mangkya ngling | yèn rêmbug manira | lah yayi benjang-enjang | wong Jipang dèn adhang siji | cinêkêl ika | pinêrung kupingnèki ||

11. bari kinalungan layang gulunira | dimon ginawa mulih | sun prih layangira | katur mring Arya Jipang | ya ta sami rêmbag sigih | Ki Pamanahan | kalawan Ki Panjawi ||

12. dyan warnanên wong Jipang enjing ingadhang | dening wong Pajang nênggih | sêmăngsa anaa | nuli dèn cêkêl ika | nênggih watên wong pangarit | pakathik Jipang | anulya dèn parani ||

13. sagupira wong Pajang sira têtanya | nulya dèn cêkêl aglis | pangarit binănda | binêkta pamondhokan | kupinge dèn pêrung siji | kinakalungan | layang gulunirèki ||

14. hèh wong ngarit layang iwang aturêna | Si Arya Jipang iki | ucul kang bêbandan | lumayu garewalan | palayune si pangarit | sapraptanira | opyak sakèh ningali ||

15. ya ta malêbêt pangarit sajroning kutha |[125] kagèt ikang ningali | dening kalung layang | kupinge pêpêrungan | wus katur mring Ki Apatih | Mataun [Ma...]

--- [f. 96r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 46 dari 79

[...taun] nama | pangarit dèn timbali ||

16. sapraptane pangarit ing ngarsanira | ki patih aningali | yèn kêkalung layang | kupinge pêpêrungan | Tumênggung Mataun angling | abang kang muka | sampun karasèng ati ||

17. pun Tumênggung Mataun asru rudita | ningali wong pangarit | layang pan binêkta | seba mring Arya Jipang | Tumênggung Mataun aglis | tanpa larapan | prapta ngayun aligih ||

18. pun Tumênggung Mataun nèng palataran | ngalasod anèng siti | sarwi babta[126] surat | cinonthong kang wêwadhah | Tumênggung Mataun anjrih | lamun matura | sêsiku marang gusti ||

19. dening gustinira dawêg adhahar |[127] mila kèndêl kariyin | mapan si larangan | yèn gusti lagya dhahar | kawula matur ing gusti | lakung diksura | ujare kang lêlungid ||

20. katingalan dènira ing Arya Jipang | yèn pêpatihe prapti | anèng panataran | muka konjêm pratala | katingalan dening gusti | nulya ngandika | arya mring ki apatih ||

21. lah ta bapa patih ana aturira | matura aja wêdi | apa aturira | ki tumênggung wotsêkar | kawula anuwun gusti | sampeyan dhahar | nah anggèr dipun aris ||

22. Arya Jipang ya ta nulya angandika | bapa matura aglis | ki apatih nêmbah | gusti sampeyan dhahar | Ki Arya Jipang aniti | têka matura | nora sêsiku malih ||

23. Ki Tumênggung Mataun matur anêmbah | kawula tur upêksi |

--- [f. 96v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 47 dari 79

dhatêng ing sampeyan | nênggih pangarit Jipang | pêrung kupinge sasisih | kêkalung surat | punika suratnèki ||

24. maksih ngêpêl sêkul ki arya ing Jipang | ya ta ngandika gipih | alah êndi bapa | layang parènèkêna | isun pan arsa udani | marang ngajêngan | tumênggung atur tulis ||

25. Arya Jipang asta têngên ngêpêl sêga | kang kiwa nămpa tulis | anulya binuka | sinukmèng ing wardaya | ungêlipun punang tulis | tugul panantang | têmbunge ta puniki ||

26. hèh Ki Arya Jipang lamun sira lanang | payo tandhing kuwani | aprang lawan iwang | gênti asilih tumbak | yèn sira arya tan wani | Arya Panasang | wong wadon saminèki ||

27. lamun sira Panasang wani maringwang | aprang tandhing kawanin | payo anyabranga | Bêngawan Sore ika | payo isun kang nadhahi | dudu wong lanang | yèn sira tan mêtoni ||

28. lir sinêbit talingane Arya Jipang | mirsa ungêling tulis | ya ta kang wêdana | abrit mawinga-winga | kumêdut padoning laki[128] | nulya ngandika | maring gamêl pakathik ||

29. hèh ta gamêl kuda ngong Si Gagakrimang | kêkapanana aglis | sigra kinambilan | kuda pun Gagakrimang | nulya angrasuk kulambi | kaprajuritan | jimat mail tan kari ||

30. wus kawiking sakathahe kang bêrkatan | rangkêp sadasa nênggih | cêcuriganira | sampun anyandhak tumbak | kuda sampun dèn titihi [titih...]

--- [f. 97r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 48 dari 79

[...i] | pun Gagakrimang | tate ginawa jurit ||

31. sampun nyandhak tumbak anèng talawungan | nulya mangkat sira glis | sigra nitih kuda | aran pun Gagakrimang | nate binêkta ajurit | sigra ki arya | kudane dèn camêthi ||

32. nulya ngêrap kudane pun Gagakrimang | mamprung lir pedah[129] mimis | pan atilar bala | saking wantêring manah | watêki[130] wong sugih wani | tan tolih bala | ketang ungêling tulis ||

33. saking kêbat panandêre kang turăngga | Arya Jipang gya prapti | wetaning Bêngawan | Sore katon gumawang | wong Pajang samya ningali | yèn Arya Jipang | nandêr praptab[131] pribadi ||

34. wong Sêsela surak lir pendah ampuhan | ikang nitihi baris | têtiyang tamtama | wong Pajang sêsêliran | angrampid pigir bênawi | ayun-ayunan | prasamya ngati-ati ||

35. Arya Jipang atêtêgar sabrang wetan | sarya sêsumbar gipih | isun Arya Jipang | lah rêbutên ing rana | kang dèn pinta ing ajurit | kabèh nabranga | isun dhewe nadhahi ||

36. wong tamtama sumaur sarwi manthathang[132] | arya nabranga aglis | aprang lawan iwang | Arya Jipang miyarsa | talingane lir sinêbit | Ki Arya Jipang | kudane dèn camêthi ||

37. tan antara ambyur lan turangganira | kudane pan anglangi | wong Sêsela mapag | kalawan wadya Pajang | wong tamtama anumbaki | Ki Arya Jipang | wantêr pan dèn panggahi ||

38. Arya Jipang tan kobêr sira malêsa | anèng têngah

--- [f. 97v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 49 dari 79

bênawi | anyamêthi kuda | ngamuk mêrêm kewala | sinasog[133] ing ganjur aglis | Ki Arya Jipang | ngamuk angobat-abit ||

39. pan adukap[134] bêngawan ing pigirannya | wong Sêsela nadhahi | lawan wong tamtama | sêsirig Arya Jipang | arame têpunging jurit | Ki Arya Jipang | kotbuta tandangnèki ||

40. kêkathahên wantune tiyang satugal | rinoban ing ajurit | angamuk ki arya | kasasang[135] gajur[136] atap | wêkasan anandhang kanin | lambunge kiwa | jêjaringane mijil ||

41. jêjaringan sinampirakên sêmana | ing sarunganing kêris | tan kandhêg ki arya | pangamuke kotbuta | mêntas saking ing bênawi | ramening aprang | samya awuru gêtih ||

42. pangamuke lir pendah banthèng kabranan | kang dèn parag ngêmasi | wus caruk kang aprang | tambuh musuh lan rowang | wong Pajang kathah ngêmasi | pating sulayah | miwah kang nandhang kanin ||

43. atanapi kulawăngsa ing Sêsela | kadi babadan pacing[137] | wangke agalasah[138] | dèn amuk Arya Jipang | sêmana wus nyandhang kanin | Ki Arya Jipang | datan sumêdya urip ||

44. risaksana Radèn Ngabèi Lor Pasar | sêntana dèn tingali | yèn akathah pêjah | ingamuk Arya Jipang | aglis ta Radèn Ngabèi | Saloring Pasar | atulung ing ajurit ||

45. waos Ki Palèrèd dèn agêm rahadyan | masah sira ajurit | ya ta Arya Jipang | kang wus anandhang brana | pangamuke wuru gêtih | sira rahadyan | datan angrasa ajrih ||

46. sigra radyan umangsah sirèng ngayudan | anitih [ani...]

--- [f. 98r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 50 dari 79

[...tih] kuda èstri | wus ayun-ayunan | kalawan Arya Jipang | ukih-ingukih[139] kawanin | sami prawira | tan ana ngucap ajrih ||

47. Arya Jipang anitih pun Gagakrimang | andulu kuda èstri | tan kêna ingampah | bigar takêping[140] kuda | datan uninga ing wèsthi | katukul bigar | adulu[141] kuda èstri ||

48. datan kabêr[142] Ki Arya ngingêr landheyan | jarane mobat-mabit | saksana tumêdhak | Ngabèi Loring Pasar | ki arya dipun larihi | saking dharatan | panumbake ngêntèni ||

49. saking ngarsa amrajaya antuk jaja | tatas ludira mijil | sangêting panumbak | jaja têrus walikat | adrês ludira nututi | Ki Arya Jipang | datan odhil malêsi ||

50. nulya niba saking luhuring turăngga | Arya Jipang ngêmasi | têkan kudanira | kasambut anèng rana | jisime wus dèn bêciki | dening wong Jipang | asih pralayèng jurit ||

51. ya ta Radèn Angabèi Loring Pasar | waose dèn tingali | Ki Palèrèd ika | ya ta punggêl sabêras | gêtêtunira[143] tan sipi | kang bangkat karya | apan radèn ngabèi ||

52. tan antara Tumênggung Mataun prapta | sêdya bela ing gusti | ngamuk ing paprangan | ikang dèn têmpuh bubar | Tumênggung Mataun aglis | pangamukira | tansah angobat-abit ||

53. Tumênggung Mataun sira wau kasayahan |[144] pangamuke tan odhil | pan kawratan mêngsah | tinadhahan wong kathah | Ki Mataun ngêmasi |[145] jăngga tinigas | satêngahing ajurit ||

54. sirahipun pinanjêr pigir bangawan | muntab wadya kang kari | pêjahe ki patya | pênuh ngêbêki papan | sinêngkalan laminèki |

--- [f. 98v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 51 dari 79

rupa pandhita | karya tumêkèng nabi |[146]|

55. abêranang[147] kadi gunung kawêlagar | agêgêng punang baris | kandhêg sabrang wetan | anèng têpi bangawan | miyarsa gustine mati | bala ing Jipang | manahe brăngta kikin ||

20. Asmaradana

[Ki Panjawi pinaringan ganjaran negari Pathi.[148]]

1. yyatên[149] pawèstri sawiji | sêlire Ki Arya Jipang | arsa bela ing sêdyane | sigra angrasuk busana | Angronsari namanya | pangagene lir wong kakung | nitih kuda maju ngrana ||

2. sarya sumbar-sumbar anjrit | lah wong Pajang kêmbulana | pan iki rêke rupane | prajurite wong ing Jipang | sasisane kang pêjah | wong Pajang prasamya ngrungu | wong maju ngrana sêsumbar ||

3. nantang mring radèn ngabèi | wong tamtama matur sigra | mring radèn angabèine | kawula atur uninga | sampeyan gih tinantang | mila tan linawan wau | dening sampeyan kang mênggak ||

4. wadya alit pan kabali | yèn ana wadya ing Jipang | kang sêdya bela gustine | padha sira undurêna | mila samya kapênggak | rahadyan alon amuwus | mêngko sun priksane dhawak ||

5. nulya rahadyan mêdali | saking pakêkuwonira | nulya mirsa ing syarane | yèn ana wong sumbar-sumbar | kapirsa dhatêng radyan | rahadèn micarèng kalbu | dening cumêngkling kang syara ||

6. baya bagus ikang warni | wong Jipang kang sumbar-sumbar | dene cumêngkling syarane | rahadyan sangsaya awas | kang sêsumbar nèng rana | dèn dulu dede wong kakung | sigra nulya pinaranan ||

7. radèn amicarèng ati [a...]

--- [f. 99r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 52 dari 79

[...ti] | eman têmên kang wanodya | têka mêngkana polahe | rahadyan ngabèi nyandhak | kadhangsule kang kuda | rahadyan ginoco gupuh | sêsalangira kang kêna ||

8. nanging nora miyatani | radèn ngabèi ngandika | wong ayu sampun agoco | mênawi pêgêl kang asta | sapa ikang kelangan | Kèn Angronsari amuwus | uculêna payo aprang ||

9. radèn ngabèi mangkya ngling | payo aprang pagulingan | apa sira andêlake | sira măngsaa digdaya | lakimu pan wis pêjah | wus kajodhi marang isun | wong ayu payo sun êmban ||

10. cinandhak Dyah Angronsari | pinondhong angayang-ayang | rahadyan sarwi ginoco | kang netra pan ingurêkan | radèn alatah-latah | wus binêkta sira sampun | dhatêng ing pakuwonira ||

11. mangkya Radèn Angabèi | Loring Pasar angandika | astane sarwi angawe | hèh wong Jipang tingalana | gustinira wus pêjah | apa ta kang sira rêbut | kudu abela tumangan ||

12. gustinira sampun mati | Patih Mataune pisan | lah iki rupane dhase | kang aran Mataun ika | sun panjêr anèng tawang | rêbutên yèn sira purun | sapa ikang milu bela ||

13. yèn kêna sun ampah sami | wong cili milu punapa | bulèh si iki patihe | milu mukti awibawa | ya ta bala ing Jipang | rêmbug padha samya biluk | apan gusti

--- [f. 99v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 53 dari 79

sampun pêjah ||

14. sampun nabrang ing bênawi | sakèhe wadya ing Jipang | ngaturkên bulupêktine | dhumatêng satriya Pajang | wau ta kawarnaa | sampun kasaput ing dalu | sami mundur masanggrahan ||

15. ing wêngi agunêm sami | Panjawi lan Pamanahan | Ki Juru amuwus alon | paran rêmbug pêkênira | Ki Bayi Pamanahan | Ki Panjawi mangkya muwus | lah sakarsa pêkênira ||

16. manira têka nuruti | măngsa barong[150] pêkênira | Ki Juru aris ature | patine Ki Arya Jipang | apan ta pêkênira | ikang mêjahi satuhu | katura ing Sultan Pajang ||

17. pasthi ganjarane cili | yèn katura putranira | nênggih ikang asal gawe | nora atămpa ganjaran | iku nênggih nagara | liwat dipun ganjar kampuh | tanapi ginanjar kopyah ||

18. kalawan picis sakêthi | iku wêtara manira | yèn para aku wong roro | kang matèni Arya Jipang | katura Sultan Pajang | nêgara ganjaranipun | ing Pathi kalih Mataram ||

19. Ki Panjawi mangkya angling | igih lêrês karsa dika | Ki Pamanahan wuwuse | igih lêsêr[151] karsa dika | katura dhatêng sultan | pan sampun ubayanipun | pasthi tinagih ing prana ||

20. tanapi Radèn Ngabèi | Loring Pasar wus mupakat | tan lênggana ing karsane | sudaranira katiga | măngsa goroha tuwan | radèn angabèi matur | lêrêse kadya punika ||

21. nulya kawarna ing enjing [e...]

--- [f. 100r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 54 dari 79

[...njing] | budhal saking pamondhokan | gumêr syarane punang wong | têpung gêgamaning Jipang | lawan barising Pajang | ya ta agêgêng dinulu | baris Jipang binokokan[152] ||

22. galong[153] yèn tinon ngajrihi | tangkêping wong mênang yuda | kawiking Bangawan Sore | kêbat lampahing gêgaman | samarga sukan-sukan | kalawan wong Jipang iku | prapta talatahing Pajang ||

23. wantu gancanging pawarti | sira pan katular-tular | sampun katur pawartane | dhumatêng sultan ing Pajang | lamun Ki Pamanahan | wus dhatêng gènnya anglurug | lan sakulawangsanira ||

24. bêdhahing Jipang nêgari | Arya Jipang sampun pêjah | kang matèni pan wong roro | lêlurahe wong tamtama | wasta Ki Pamanahan | nênggih lawan arinipun | rowange ambangkat karya ||

25. kang awasta Ki Panjawi | pan sampun atas ing warta | enjing Sultan Pajang miyos | pêpêk kang mantri sadaya | andhèr ing pagêlaran | ya ta kang dhatêng ngalurug | ngaturakên bêbandhangan ||

26. sarêng matur Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | ămba ngaturakên waos | agême pun Arya Jipang | myang dhuwung sakêmbaran | ikang dipun karya ngamuk | katura dhatêng paduka ||

27. kanjêng sultan angling aris | igih ki raka tarima | ikang angaèsi gawe | mapan uwis ujar iwang | Ki Panjawi duwea | ing Pathi ikang rumuhun | pêkênira tampanana ||

--- [f. 100v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 55 dari 79

28. igih ki raka Panjawi | kang aduwe Pathi ika | tămpaa dhingin kang anom | kapanggih kari kang tuwa | ki raka Pamanahan | dipun asabar karuwun | măngsa wandea atămpa ||

29. jêkar[154] dènira tinangkil | gumêr syaraning pawongan | sultan sampun angadhaton | ya ta ikang kawarnaa | ikang tămpa ganjaran | sampun jinujung kang luguh | Ki Panjawi wus wibawa ||

30. jumênêng Ki Agêng Pathi | cacahipun wong salêksa | wus kalampahan kang anom | sampun atampi ganjaran | kantun Ki Pamanahan | punika nênggih kang sêpuh | pan dèrèng tampi ganjaran ||

31. pan nêgara ing Matawis | kang badhe dados ganjaran | nanging alit ing cacahe | cinatur pan maksih wana | nêgara ing Mataram | kalakung dèn ayun-ayun | pan dhatêng Ki Pamanahan ||

32. Ki Juru amituturi | Ki Bayi dèn sabar uga | măngsa wandea kalakon | ngêndi ana ratu cidra | pan dèn sêmêne uga |[155] dèrèng măngsa tibanipun | sampun dika sakit manah ||

33. sangsaya alami-lami | datan wontên kang micara | sultan datan amiraos | sangsaya nora dêrana | sira Ki Pamanahan | sangsaya wirang ing kalbu | dening sultan sampun mojar ||

34. kesah dhêkah Kêmbanglampir | sêmana Ki Pamanahan | kagagas-gagas wirange | pan alami nora [no...]

--- [f. 101r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 56 dari 79

[...ra] seba | maring Jêng Sultan Pajang | dèn palaur adhêdhukuh | ambantêr kang kasutapan ||

35. ênêngêna kang ginupit | susunan ing Kalijaga | pan nora samar tingale | pandhita wus ngraga sukma | wikan dèrèng winarah | sumêdya wau anulung | nênggih kang banting sarira ||

36. sakêdhap praptèng Banglampir | Panêmbahan Kalijaga | Ki Pamanahan anglasod | sapraptane jêng susunan | nulya Ki Pamanahan | sumungkêm padaning guru | sarya mangaras manêmbah ||

37. ngandika sang maha yêkti | lah pêgene kaki sira | têka dhêdhukuh ing kene | nora tulus sumawita | marang Ki Bayi Pajang | mapan sira tugal kawruh | kalawan ki jêbèng Pajang ||

38. Ki Pêmanahan tur bêkti | kawula anuwun duka | putra panduka ing Paos | nyidrani kang pangandika | mila merang kawula | mila kawula tan purun | sumawita ratu cidra ||

39. mèsêm Kanjêng Sunan Kali | aris ikang pangandika | kaki aja winiraos | mapan isun wis uninga | karêpe manahira | iya ta lah mangke isun | ikang ngatêrakên sira ||

40. apêpanggiha pribadi | kaki lawan arinira | mapan wis tugal kawruhe | kalawan ki jêbèng Pajang | singa ikang dêduwa | yêkti isun ikang matut | aja na sawalèng manah ||

41. lah payo sun atêr kaki | maring arinira Pajang | sira mas panggiha dhewe | saksana sang apandhita | lumampah dhatêng Pajang | Ki Pamanahan tut pukur |

--- [f. 101v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 57 dari 79

datan kawarna ing marga ||

42. ajujug ing dalêm puri | malêbêt tanpa larapan | wus rawuh jroning kadhaton | garjita sira tumingal | kanjêng sultan ing Pajang | pan gupuh sira tumurun | tur bêkti nungkêmi pada ||

43. wus tata prasamya ligih | panêmbahan angandika | lah jêbèng apa karane | têka para lirwa ngujar | marang ing kakangira | apan sira wus sumanggup | awèh desa ing Mataram ||

44. apan timbangane Pathi | Mêtawis tan kalampahan | kakangira ikang anèm | apan sampun kalampahan | kari sadulur tuwa | ki jêbèng kang durung luguh | Sultan Pajang atur sêmbah ||

45. mila dhusun ing Matawis | dèrèng katur ing pun kakang | dening awon cêkar[156] bae | lan malihe maksih wana | wêwêngkoning Mataram | lan kêdhik têtiyangipun | sêdyane manah kawula ||

46. pun kakang kawula sungi | nêgari kang sampun gêmah | dawêg ucal prayogane | panêmbahan wus uninga | batine Sultan Pajang | layan malih karsanipun | batine Ki Pamanahan ||

47. ya ta angandika malih | susunan ing Kalijaga | pêgene têka mêngkono | mapan wis kalêbu ujar | bêcik nadyan wanaa | jêbèng ayya lirwèng sagup | apan prajangjine ana ||

48. Mataram kalawan Pathi | iku kang dadi ganjaran | ayya rêngu piyakuhe[157] | lah payo sira srahêna | marang ing kakangira | tulusa duwe sadulur | wong anom padha atuta ||

--- [f. 102r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 58 dari 79

21. Sinom

[Ki Pamanahan pinaringan ganjaran negari Mataram. Radèn ngabèhi Saloring Pasar jumeneng Sénapati Ingalaga wonten ing Mataram.[158]]

1. dangu tan kêna ngartika | sultan kèmêngan ing galih | arsa nora dèn aturna | ing rasane ikang galih | dadi garoh ing batin | yaktine ajrih ing guru | sultan matur anêmbah | ing sira sang maha yêkti | kamipurun kawula matur ing tuwan ||

2. kawula mirsa wirayat | saking sinuhun ing Giri | watên sultan kadi ămba | nênggih nêgari Matawis | ya ta sang maha yêkti | pangandikanira arum | hèh ki jêbèng ing Pajang | yèn mêngkono sira gampil | kakangira dimone mêngko prasêtya ||

3. lah Ki Jêbèng Pamanahan | prasatyaa sun astrèni | Ki Pamanahan tur sêmbah | ing guru sang maha yêkti | amba tuwan sêksèni | yèn ta aduwea kayun | nêdya jumênêng sultan | watên nêgari Matawis | aprasatya ămba kêniyèng sapata ||

4. yèn adamêla piala | awak kawula puniki | utawi sêdya ngêndhiha | kadhaton Paos puniki | yèn kawula pribadi | sampun pênêd kang tinêmu | sapa sitên wikana | ing benjang sawiking-wiking | lakung gaib Pangeran ikang kawasa ||

5. panêmbahan angandika | alah ta ki jêbèng uwis | pan abênêr ujarira | datan ana ikang sisip | ya ta lêga kang ati | Sultan Pajang mirsa wuwus | wus kêna ujar keras | panêmbahan angling aris | lah ta uwis ki jêbèng para srahêna ||

6. sungêna ing kakangira | padêdesan ing Matawis | Sultan Pajang [Pa...]

--- [f. 102v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 59 dari 79

[...jang] atur sêmbah | sumăngga ing asta kalih | lah andika tampani | kakang Mataram kang dhusun | nanging ta maksih wana | Ki Pamanahan wus tampi | ing Mataram wau kang dadi ganjaran ||

7. panêmbahan angandika | alah ta ki jêbèng uwis | muliha marang Mataram | boyonga saanak rabi | pan isun angamini | tulusa padha sadulur | lah ta padha karia | manira apamit mulih | nulya sami atur sêmbah kalih pisan ||

8. sawikinge panêmbahan | Ki Pamanahan amijil | mantuk dhatêng wismanira | wus kapanggih lan kang rayi | miwah kang putra sami | pêpak sanak warganipun | sadalu pagunêman | lan Ki Juru Amartani | wus arêmbag karsa boyong mring Mataram ||

9. putrane Ki Pamanahan | kapitu pisan winarni | pan sampun sami akrama | kang jalu lawan kang èstri | kêkalih ikang èstri | lêlima kang sami jalu | pambayun wastanira | Radèn Bagus timurnèki | kang pinupu anak dening Sultan Pajang ||

10. watên dene kang sakawan | wastanipun lagya alit | Radèn Jambu kang satugal | kang sawiji Radèn Santri | Radèn Tompe sawiji | sakawan Radèn Kadhawung | kêkalih kang wanodya | pan sampun sami akrami | kang satugal angsal Ki Tumênggung Mayang ||

11. dening wuragile pisan | antuk Arya Dhadhaptulis | mantrinipun Sultan Pajang | sami anutakên laki | putra èstri kêkalih | karsanipun sami tumut | bayong dhatêng [dha...]

--- [f. 103r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 60 dari 79

[...têng] Mataram | ya ta kawarna ing enjing | apan sampun dènira sami adandan ||

12. ing wau Ki Pamanahan | karsane ngaturi pamit | dhatêng sira Sultan Pajang | kang putra sami angiring | miwah Radèn Ngabèi | Loring Pasar putra sêpuh | rawuh ing panangkilan | Ki Pamanahan wus panggih | lawan sultan andhèr kang sami sewaka ||

13. putrane Ki Pamanahan | pan ganti padha ngujungi | dhatêng Kanjêng Sultan Pajang | miwah radèn angabèi | rinakul[159] ikang rayi | Rahadèn Bênawa iku | lah kakang sampun kesah | Radèn Bagus anauri | pan kawula yayi mantuk mring Mataram ||

14. yayi mas para kantuna | pun kakang ngaturi pamit | matur Pangeran Bênawa | asêmu waspa drês mijil | kakang sampun alami | anuli andika wangsul | atijoa kawula | tan bêtah apisah kami | dika tilar paran kakang polah iwang ||

15. umatur Ki Pamanahan | dhatêng sultan nuhun pamit | Sultan Pajang angandika | igih kakang sami-sami | salamêta kang kari | salamêta kang lumaku | sampun auluk salam | Ki Juru ngaturi pamit | dhatêng sultan pan sampun maca salawat ||

16. wus lèsèr[160] Ki Pamanahan | kang putra sami angiring | sultan jêngkar angadhatyan | warnanên kang sampun mijil | saking pasowan prapti | ing wisma sami aluguh | wau Ki Pamanahan | putra èstri kalih

--- [f. 103v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 61 dari 79

prapti | anungkêmi wau padane kang rama ||

17. kalih pan sami karuna | nênggih kang wuragil èstri | kang antuk Tumênggung Mayang | wuragile kang sawiji | kang asal Dhadhaptulis | kalih pisan ikang mantu | pan sami mantri Pajang | Ki Pamanahan mangkya ngling | anak isun lah babo aja karuna ||

18. balik ta sira dèn bisa | anutakên marang laki | witne sun tan bêtah pisah | kalawan sira ta nini | nanging ta priye gusti | abote wong duwe kakung | tan etangh[161] yayah rena | olih anutakên laki | muga sira gusti tulusa akrama ||

19. lah uwis sira kantuna | putranisun kalih nini | isun bayong mring Mataram | kang putra kalih anangis | sami ngaturi bêkti | ing rama kalawan ibu | dadya amêgat trêsna | kang lunga lawan kang kari | ikang mantu kalih samya atur sêmbah ||

20. ya ta Ki Tumênggung Mayang | kalih Arya Dhadhaptulis | samya bupati ing Pajang | Ki Pamanahan mangkya ngling | alah ta payo uwis | padha mangkat mumpung esuk | saksana ikang putra | umangkat saanak rabi | pan asêlur pikulan lawan gotongan ||

21. sapraboting wong awisma | binêkta tan ana kari | gumêr kalanira mangkat | saanak putu pan kêrig | boyong dhatêng Matawis | atanapi Kyai Juru | saanak rabinira | binêkta tan ana kari | pan akandhêg lampahira anèng marga ||

22. wantu lampah bêkta rayat | para putra agêng alit | sawanèh dèn wrat ing kuda | arêmbên [a...]

--- [f. 104r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 62 dari 79

[...rêmbên] lampahing margi | garwa myang para sêlir | anitih joli lan tandhu | samarga areyongan | rêmbên lampahing pawèstri | arantaban kang rare alit ingêmban ||

23. akathah punang bêbêktan | gêgatongane[162] agili[163] | gêgawane kulawăngsa | ki agêng sumêdya mampir | dhatêng astana Pêngging | sampun prapta lampahipun | kacarita sêmana | ki agêng duk dèn turuni | kang nurbuwat kala sare anèng dagan ||

24. ki agêng kala punika | anulya laju lumaris | saha kulawăngsa putra | lumintu lampahirèki | bêbêktan warni-warni | kasur bantalan rong kulu | apan samya binêkta | abayong dhatêng Matawis | duk araryan ing wau Ki Pamanahan ||

25. saanak putu sadaya | andhèr sor waringin taji | wau ta ikang kocapa | Ki Gêdhe Karanglo nênggih | apan sampun acawis | karsanira asêsuguh | dhatêng Ki Pamanahan | jangan mênir pêcêl pitik | pirang-pirang gotongan akathah prapta ||

26. Ki Gêdhe Karanglo gêpah | gènnya asêgah sarimbit | pranuli ya uluk salam | sampun atata alinggih | lakung dènnya mrih ing sih | Ki Gêdhe Karanglo matur | sigih sêkul sapanjang | punika katura gusti | sampun kirang ing pangapura ing tuwan ||

27. sumaur Ki Pamanahan | igih anêdha Ki Bayi | saksana sami adhahar |

--- [f. 104v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 63 dari 79

adunipun pêcêl pitik | kalayan jangan mênir | kawarnaa ta sirèku | Ki Gêdhe Pamanahan | kaecan dènira bukti | lakung nikmat anêmêni dènnya dhahar ||

28. Ki Pamanahan angucap | igih Ki Bayi ing benjing | manira kapiutangan | nênggih manira mênawi | têmbe sagêd mangsuli | sih para dhawuh maringsun | ya ta sira mangrêpa | Ki Gêdhe Karanglo angling | datan kenging amba punika matura ||

29. umangkat Ki Pamanahan | Ki Gêdhe Karang tut wiking | sumêdya angatêrêna | dhumatêng nagri Matawis | lakung dènnya mèt ing sih | Ki Gêdhe Karanglo wau | marang Ki Pamanahan | watên karaos ing ati | dening têmbe pan kêna ingarsa-arsa ||

30. kocapa kang lagya siram | ing Kali Ngupak winarni | susunan ing Kalijaga | Ki Pamanahan ningali | ing guru sang ayogi | sigra pinalayon gupuh | prapta saha tur sêmbah | ing guru sang maha yêkti | suku têngên wau ikang winaenan[164] ||

31. Ki Agêng Karanglo ika | sarêng sami aningali | mring guru sang apandhita | Jêng Susunan Kali nênggih | kala dawêg sêsuci | Lèpèn Upak ênggènipun | Ki Pamanahan samya | ya ta sarêng angabêkti | kang sampeyan rinangkul Ki Pamanahan ||

32. kang têngên Ki Pamanahan | sampeyan kiwa anênggih | Ki Gêdhe Karanglo ika | ikang sami dèn sukêmi | susunan ngandika ris | ki jêbèng [jê...]

--- [f. 105r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 64 dari 79

[...bèng] wus pinasthi besuk |[165] jêbèng Karanglo ika | upama kang dadi kunci | barêng mukti anèng nêgari Mataram ||

33. nanging pinasthi ing benjang | Ki Jêbèng Karanglo nênggih | nora kêna ngago bawat | lawan taji wus pinasthi | iya ikang darbèni | ing saturun-turunipun | jêbèng Karanglo ika | wus pinasthi de Yyang Widi | ora kêna jêbèng iku owahana ||

34. lan malih sira tan wênang | Ki Bayi Karanglo iki | benjang ing saturunira | nuganga jampana joli | lan sinêbuta benjing | êmas lawan radèn iku | risampunnya ngandika | ing wau sang maha yêkti | kinèn lajêng lampahe Ki Pamanahan ||

35. lah padha wus lumarisa | nulya sami angabêkti | Ki Gêdhe Karanglo ika | wus pinanci aduwèni[166] | lawang taji pinasthi | punika sabdaning guru | tan kêna owahana | lampahira dan lumaris | sampun prapta nêgaranirèng Mataram ||

36. sampun amukti sadaya | sakulawarganing rèki | tulus samya awibawa | tulus kang tinandur sami | murah tinumbas sigih | ênêngêna kang winuwus | watên ikang kocapa | Sultan Pajang anduwèni | sêsêngkêran nênggih saking Kalinyamat ||

37. nênggih ikang sêsêngkaran[167] | natkalane sira alit | kang raka ki agêng ika | ing Mataram kang gadhuhi | mangke sampun birai | saya katon [ka...]

--- [f. 105v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 65 dari 79

[...ton] warnanipun | dhasar pujul ngakathah | wus balèg ika duwèni | kang lêlewa singa kang dulu kasmaran ||

38. ki agêng nênggih pêputra | kang aran Radèn Ngabèi | Loring Pasar tan uninga | yèn kang rama dèn gadhuhi | pawèstri luwih adi | Kalinyamat angsalipun | radèn kala sêmana | kasmaran duk aningali | kang wanodya kang rinêksa ikang rama ||

39. manahipun ikang putra | kala sêmana darbèni | nilibakên ikang rama | sangêt kasmaran ing èstri | sêmana sampun kêni | wanodya kang luwih ayu | sinarogoh kang putra | wantu wanodya wus ngênting | nanging dèrèng kajêron duk ing samana ||

40. wus malêbêt kang pagonan- | ira wanodya kang luwih | ana kang pawongan endah | rahadyan kadya punapi | tikah dika puniki | kaya dede trahing ratu | radèn kula lênggana | yèn tan alal lawan kawin | pan kawula tan purun piyakah jinah ||

41. rahadèn aris ngandika | aja sira walangati | pan sun têdha maring sultan | nadyan tumêkènga pati | nora isun unduri | tanapi mring ramanisun | jamak luguh wong lanang | yèn dhêmên marang pawèstri | yèn wong bêcik tan wêdi takêr ludira ||

42. dhuh gustinisun pangeran | kang asawang madu gêndhis | awèh edan kalênglêngan | sang ayu matur ngabêkti | radèn yèn tulus asih | têdhanên radèn karuwun | ing rama dika sultan [su...]

--- [f. 106r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 66 dari 79

[...ltan] | tan dêrana radèn aglis | dyan sinambut sang ayu poyang-payingan ||

43. rahadèn si kapêksa |[168] atangkis asta tanpalih | gugup tyas sarira lupa | kagunturan sabda gati | radèn angarih-arih | sang murtiningrat amuwus | sampun-sampun rahadyan | kadipundi bakal aji | têka wani-wani darbene kang rama ||

44. kawula bontên lênggana | yèn sampun katêdha benjing | mapan radèn kang kagungan | sapa sitên ikang wani | lan sapa kang darbèni | kagungan sultan ing besuk | yèn dede kang gumantya | mapan sampun angsal idi | Sang Pandhita Jêng Susunan Kalijaga ||

45. pan sampun tugal asmara | rahadyan lan sang sudèwi | mangkya ki agêng kawarna | sampun mirsa ikang warti | yèn kang putra ing mangkin | sampun wanuh lan dyah ayu | nênggih kang sêsêngkaran | ikang rama Paos sigih | kacarogoh de Radèn Saloring Pasar ||

46. ki agêng kala sêmana | kang putra dipun timbali | sarêng ki agêng miyarsa | kang putra sampun kapanggih | nulya dèn têtakoni | lah lagi apa nak isun | têka wani ta sira | nyaragoh kagungan aji | kaya priye wus jangji têka cidraa ||

47. nadyan nyawa ngong wahana | cidraa si têka kami | yèn mêngkono anak iwang | payo seba mring sang aji | Sultan Pajang wus ênting | piyandêle marang

--- [f. 106v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 67 dari 79

isun | têka sira cidraa | wêkasan rusak kang galih | lan katêmu pira sira wani cidra ||

48. radèn ngabèi tur sêmbah | kawula matur ing nguni | milanipun angkah kula | wani-wani anyidrani | wus gisir jênêng aji | pandugi kawula nuhun | ki agêng angandika | katêmu pirang prakawis | ing kasape anak isun durung măntra ||

49. Angabèi Loring Pasar | matur ing rama ngabêkti | duk kala sultan pinarak | wontên bêlarak nibani | wikingipun sang aji | sangêt kagète sang prabu | lawan duk kala dhahar | sêdhêngan punika nênggih | kacorotan misêr[169] saking palênggahan ||

50. ki agêng mèsêm ing nala | payo sêba anak mami | prasêtya gènira cidra | ing dalu datan kawarni | nulya kawarna enjing | sigra samya kesah sampun | seba mring Sultan Pajang | nuju Sênèn dhatêngnèki | kyai gêdhe sêmana bajur aseba ||

51. warnanên sultan ing Pajang | miyos saking jroning puri | ginarêbêg ing badhaya | sêlir lawan rare bêsi | bule cebol lan dhampit | wandhan dhêkêk lawan jamus | bucu lan rare kêmbar | upacara anèng ngapti | sawunggaling ardawalika binakta ||

52. pinarak anèng witana | jêjêl ikang tăndha mantri | sinang dêmang pêcaktăndha | tumênggung lawan ngabèi | ki agêng wus siniwi | lan Radèn Lor Pasar tumut | jêng sultan angandika | mring ki agêng ing Matawis | dawêg bage wakane watên punapa ||

--- [f. 107r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 68 dari 79

53. lah uwakane sadaya | kasarasan ipe mami | ki agêng pan aturira | sultan kasarasan mangkin | lampah kawula sigih | ngaturakên pêjahipun | sultan ing putra tuwan | kang kita sungi wêwangi | ikang aran pun Ngabèi Loring Pasar ||

54. wakane kadi punapa | dening têka nyalawadi | pun kulup dosa punapa | agatos ing lampahnèki | ngumbangi rare cili | Ki Agêng Matawis matur | sultan purun wong tuwa | nyaragoh kagêngan uni | rare wadon ikang saking Kalinyamat ||

55. Sultan Pajang angandika | wakane pun kulup mangkin | pitên[170] prakawis ki raka | bocah sampun angêntèni | dèrèng mêngku pawèstri | kawilang sabar pun kulup | kaya yèn mêkatêna | manira têka ngamini | yèn pun kulup sumêdya ginawe garwa ||

56. nanging wêwêkas manira | si kulup wakane benjing | aja ta dèn siya-siya | dening puniku wong bêcik | nora wêwêkas malih | têka tulusa nak isun | gènnya apalakrama | sampun ta sumêlang galih | lakung nuhun kang sih Ki Agêng Mataram ||

57. dèn warnanên Sultan Pajang | duk aseba marang Giri | duk dhingin jumênêng sultan | kastrènana ing wong luwih | para mantrinya ngiring | sagêlar gêgamanipun | Kyai Agêng Mataram | sêmana angiring-iring | mring Dipati Pajang mugèng ing andaka[171] ||

58. Suhunan Parapèn ika | wau sineba ing aji | watên ing Girikadhatyan | para niyaka anangkil | Japan Wirasabèki | pêpak sadaya nèng ngayun | Dipati Surapriga | Pasêdhahan [Pa...]

--- [f. 107v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 69 dari 79

[...sêdhahan] lan Kadhiri | ing wong agung bang wetan pêpêk sadaya ||

59. miwah Wong Agung Mandura | kabèh prasamya anangkil | ing Sidayu Langsêm[172] Tuban | tanapi Wong Agung Pathi | Dipati Pajang iki | wus ngandikan marang ngayun | minăngka paligihan | binaturan prangmadani | adipati prasamya ligih atata ||

60. kang para mantri atata | aligih watên ing wuri | ing gustine sowang-sowang | lante lan lêlurah iki | Kyai Agêng Matawis | aligih watên ing pukur | wiking dipati Pajang | risampune mêngkanèki | Adipati Pajang sampun ingastrenan ||

61. jumênênga Sultan Pajang | punika babade uni | rêke mantri winisaya | punika babade dhingin |[173] pêpundhutan wus mijil | saking kadheton[174] lumintu | prasamya ingajêngan | sakathahe adipati | wus sumadya prasami adan adhahar ||

62. Sunan Parapèn ngandika | sakèhing para dipati | kabèh anak putuniwang | padha apatuta iki | aja na amimiti | dèn sami padha rahayu | dèn padha sokur iwang | ing jênêngira puniki | kang sun têdha sêlamêta donya kerat ||

63. sadaya para dipatya | apan sami atur paksi | kawula nuhun panduka | pasihan dalêm puniki | dening para dipati | sadaya pan wisan sampun | caritane sêmana | sinung panakawan sami | sakathahe panakawan cinarita ||

64. sakathahe panakawan | wau sami dèn tingali | dhatêng Sunan Giri ika | samya pinandêng ing liring | sagunge ikang bukti | maring Sunan Giri iku |

--- [f. 108r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 70 dari 79

pandhita maharaja | animpêni èsmu gaib | nora samar mring Kyai Agêng Mataram ||

65. raja pandhita ngandika | alah anak Pajang sigih | sapa rane panakawan | kang amangan angarèni | dan Sultan Pajang angling | punika rêke pukulun | igih abdi panduka | pun patigi[175] ing Matawis | mapan awor wong kawan atus punika ||

66. ngandika raja pandhita | lah konên mring ngarsa mami | konên aligih ajajar | kalawan para dipati | dadya ngandikan aglis | Ki Gêdhe Mataram iku | wus aligih ing ngarsa | Ki Gêdhe Mataram wiking | sang pandhita aris dènira ngandika ||

67. lah wruhanira sadaya | sakèhing para dipati | yèn ki gêdhe ing Mataram | ing têmbe-têmbe ing benjing | anak putune iki | angrata jaman ing besuk | iya ing nusa Jawa | pangidhêp ana Matawis | pan Ki Gêdhe Mataram mangkya miyarsa ||

68. pangandikaning pandhita | dyan ki agêng ing Matawis | asujud anèng ngayunan | angaras siti ing Giri | lakung panuwuning sih | dhumatêng sang maha wiku | dadya raja pandhita | mangkya angandika aris | pasthining Yyang datan kêna owahana ||

69. dadya Ki Agêng Mataram | ngaturi dhuwung sawiji | dhatêng suhunan ing Arga | ing wau nulya tinapi[176] | sakèh para dipati | sami kacaryan andulu | mring Ki Gêdhe Mataram | cinêtha yèn mutêr bumi | sasampune mêngkana raja pandhita ||

70. nuntên ayasa têlaga | sakèhing para dipati | samya dhudhuk-dhudhuk sira | aglis carita wus dadi | sêmana [sê...]

--- [f. 108v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 71 dari 79

[...mana] ta winarni | winastan Têlaga Patut | ênggènnya pêpatutan | sakèhing măncanêgari | pan pinatut wau kang punang têlaga ||

71. sasampunira mêngkana | sakèhing para dipati | sadaya mantuk ta sira | miwah Sultan Pajang iki | nulya wau ngujungi | tinundhung nulya glis mantuk | Kyai Agêng Mataram | andhèrèk ing sultan sigih | tan atêbah wau anèng wurinira ||

72. datan kawarna ing marga | nagri Pajang aglis prapti | miwah Ki Agêng Mataram | pan sampun mantuk Matawis | Sultan Pajang winarni | sineba ing pugawa gung | miwah kang para putra | sadaya sami anangkil | Sultan Pajang atutur wirayatira ||

73. kawruhanira wong Pajang | apan iya ing Matawis | ing têmbe amutêr jaman | ing nusa Jawa ing benjing | dadya sakèhing mantri | miwah para putra wau | kagyat angrungu warta | kang wirayat Sunan Giri | ikang putra sultan wasta Ki Banawa ||

74. matur anêmbah ing rama | kawula anuwun sigih | mênawi èstu patikbra | wirayate Sunan Giri | supamikna Matawis | lir api sabathok iku | yèn aglis siniraman | yaktine agêng ing benjing | yèn suwawi lan karsa panduka nata ||

75. kawula kang tumanduka | atugur anèng ing taji | mupung[177] si dèrèng angrêbda | wênang pêpêr pan tumuli | dadya sakèhing mantri | sadaya asaur manuk | sami matur sadaya | umiring atur puniki | dadya Sultan Pajang alon angandika ||

76. anak isun Ki Banawa | yèn kaya ujaring rèki | iku kaya ngapa [nga...]

--- [f. 109r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 72 dari 79

[...pa] sira | pira kèhe wong Matawis | nanging ta rêke gaib | ing Alah tan sira kawruh | iya si lamun nyata | saprakara ngong awêdi | kang wêwalêr Susunan Girakadhatyan[178] ||

77. dadya mênggah Dyan Banawa | cinêgah ing rama aji | kadi sakala cinancang | sakathahe para mantri | agêcaka[179] Matawis | kalane ratu tanpasung | dadya anglampus ing tyas | anut satitahing Widi | ênêngêna wau Kanjêng Sultan Pajang ||

78. wuwusên mangke Mataram | tatkalanira tinangkil | pêpêk kang bandhu sêntana | para putra sami nangkil | ki agêng mangkya angling | iya ing Mataram besuk | panêmbahan ing Arga | amimiti marang mami | mapan isun cinêtha amutêr jaman ||

79. nanging anak putuniwang | ing benjang sapukur mami | kang amurwa nusa Jawa | dadya para sanak mami | sokura ing Yyang Widi | èstua wirayat iku | dadya ki agêng mojar | lah ta kaki anak mami | pan manawi èstu ujaring wirayat ||

80. ing têmbe kalamun sira | anglurug mangetan iki | marang nêgara bang wetan | bênêra Jumahat Manis | angiring sultan uni | ing Pajang mring Giri wau | dadya ki agêng lingnya | lan malih yèn anglurugi | ing bang wetan nujua sasi Mukaram ||

81. kala isun ingandikan | dening ta raja ing Giri | ngandika para dipatya | bang wetan sadaya nagri | sabdane sang mahyakti | lah wêwurinên ing besuk | poma ta sira benjang | kawruhana iku kaki | yèn anglurug [a...]

--- [f. 109v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 73 dari 79

[...nglurug] dèn eling sasi Muhkaram ||

82. yèn prapta ing têmbe ika | kalamun dipun lurugi | dening prayayi bang wetan | anglurug marang Matawis | lamun sira mêtoni | ayya ta liwat ing Gunung | Kêndhêng kalaning yuda | lah iku wêwalêr mami | singa liwat ing gunung Kêndhêng kasoran ||

83. dadi andhap ikang yuda | lan malih wêwêkas mami | kalamun rêke têmêna | ujare wirayat iki | ya ta Mataram benjing | dadi pangauban iku | dening wong nusa Jawa | poma anak putu mami | lamun sira anjênêngakên pugawa ||

84. aja liyan wong Mataram | kang pêrak lawan sirèki | rowangira cakal bakal | wong patang atus sirèki | anak putunya ugi | ana mawi dosa iku | sagêngane kang dosa | apuranên iku kaki | dèn kaetang rowange guna nastapa ||

85. yèn sira nora ngapura | sadosane têkèng pati | nanging gêtihe wong ika | aja tumètès Matawis | lan prakarane malih | dèn èngêt wêwêkas ingsun | benjang sapukur iwang | padha èstokêna iki | ki ngabèi gêganthènge[180] wong Mataram ||

86. sêmana pan sampun gêmah | padhukuhan ing Matawis | akathah têtiyang prapta | sêmana sampun amukti | Kyai Agêng Matawis | akathah nak putu rawuh | mapan andina-dina | tan pêgat têtiyang prapti | atur-atur dhaharan lawan wowohan ||

87. mapan suka awibawa | ikang dhêkah ing Matawis | lan sakulawangsanira [sakula...]

--- [f. 110r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 74 dari 79

[...wangsanira] | kang para putra amukti | tan ana walangati | ing sakarsanira tutug | ki agêng ing Mataram | anutug dènira mukti | lan pinundhi-pundhi dening wong Mataram ||

88. datan kawarna sêmana | lamun karsa acangkrami | ngarakab ulam akathah | sabarang karsaning rèki | miwah lamun cangkrami | dhatêng wana anênupu[181] | kidang banthèng majangan | miwah dhatêng ing pasisir | têka ana tan cuwa sakarsanira ||

89. dawêg cacahing wong dhomas | duk sêmana ing Matawis | ya ta ing alama-lama | Ki Agêng Matawis iki | gêrah sangêt winarni | sampun karsane Yyang Agung | puput kang panjênêngan | putra anungkuli sami | nulya seda ikang layon sinucenan ||

90. risampunira ngulêsan | Kyai Agêng ing Matawis | ingastana ing bacingah | sigêgên kang sampun lalis | ikang kari prihatin | sakathahe anak putu | miwah kang kulawarga | sadaya sami anangis | sakalakung raditra[182] wau kang driya ||

91. lêlima mantri wisaya | ing jalmi sêngkalanèki |[183] kabèh pêpêkan kang putra | panrih[184] amba ga sami |[185] pêpak kang putra nênggih | ya ta ngandika Ki Juru | sakèhe putraniwang | lah payo sun gawa sami | angaturi uninga sultan ing Pajang ||

92. yèn ramanira pralina | lah paran karsanya benjing | sapa kang dèn karsakêna | putrane kang agêntosi | patigi ing Matawis | mila sadaya nak isun | padha manira gawa | seba mring Pajang nêgari | paran karsanira [kar...]

--- [f. 110v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 75 dari 79

[...sanira] Kanjêng Sultan Pajang ||

93. sampun arêmbag sadaya | ikang para putra sami | wus dandan nulya umangkat | tan ana suwalèng ati | apan sami lumiring | ing karsane Kyai Juru | wau satilarira | sira Ki Agêng Matawis | sakathahe wau ikang para putra ||

94. sumukêm sami ambapa | mring Ki Juru Amartani | pan kinarya panêmbahan | dening para putra sami | kang kinarya gêgênti | ing rama kang sampun lampus | lakung subêktinira | para putranira sami | datan ana malanga ing karsanira ||

95. risampunira mêngkana | datan kawarna ing latri | enjing mangkat sampun dandan | dening kang dados pangirid | Ki Juru Amartani | lan sakulawangsanipun | para putra sadaya | binêkta samya lumiring | lampahira egal tan kawarna marga ||

96. wus prapta nêgari Pajang | ya ta kawarnaa enjing | Sultan Pajang sinewaka | pêpak sakathahing mantri | Ki Juru Amartani | apepe sor wringin kurung | para putra sadaya | binakta apepe sami | katingalan wau dhatêng Sultan Pajang ||

97. sapa kang adhedhe ika | dening akèh sun tingali | lah wong gandhèk tumuruna | lawan takonana sami | ikang kinèn tur bêkti | wong gandhèk sigra tumurun | saking ing padmasana | kang adhedhe dèn tingali | yèn Ki Juru amèpèkakên kang putra ||

98. pan Ki Juru ing Mataram | anulya dipun takèni | paran atur pêkênira | apepe soring waringin |

--- [f. 111r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 76 dari 79

Ki Juru nulya angling | igih jêngandika mujuk | dhumatêng kanjêng sultan | yèn Ki Juru Amartani | dhapuripun kawula atur uninga ||

99. ing mangke yèn sampun pêjah | pun patigi ing Matawis | anakipun jalu gangsal | pun patigi ing Matawis | punika ta kang warni | sadaya pan sami tumut | katura kanjêng sultan | wong gandhèk mundur agipih | prapta ngarsa wong gandhèk sami anêmbah ||

100. sampun kawula pariksa | ikang pepe sor waringin | pun Jêbèng Juru Mataram | dhapur ngaturi udani | dhatêng panduka aji | aturipun kae Juru | yèn mangke sampun pêjah | pun patigi ing Matawis | anakipun kang sami jalu sagangsal ||

101. angungun sultan ing Pajang | dhuh wong sanak isun kaki | lah iya singa dhingina | sultan angandika aris | timbalana dèn aglis | pawong sanak sun Ki Juru | sigra nulya ngandikan | wau Ki Juru Martani | sampun prapta Ki Juru ngarsanya sultan ||

102. myang para putra sadaya | prapta ngayunan aligih | saksana sami anêmbah | gêntos samya asung bêkti | angaras pada sami | bukuh mangusapi lêbu | Sultan Pajang ngandika | mring Ki Juru Amartani | lah Ki Bayi Jêbèng Juru ing Mataram ||

103. kang yoga agêntènana | putranisun Ki Ngabèi |

--- [f. 111v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 77 dari 79

Loring Pasar ta punika | kang manira jujung ligih | jumênênga nrêpati | ayya sukan-sukan besuk | tulusa awibawa | anèng nêgara Matawis | jumênênga Senapati Ingalaga ||

104. anadene pêkênira | Jêbèng Juru Amartani | ikang yoga amomonga | ing putra ngong senapati | ayya seba mariki | yèn ora jangkêp satahun | gêmahêna Mataram | yèn uwis satahun ugi | asebaa sira mring nêgara Pajang ||

105. Ki Juru matur wotsêkar | lah punika ta sang aji | sagunge ikang têtilar | bêrana myang para rabi | sumăngga ing nrêpati | Sultan Pajang ngandika rum | padha sira gawaa | mantuk marang ing Matawis | nanging sultan andulu wanodya anyar ||

106. rabine ki agêng anyar | punika dipun rêmêni | Ki Juru wus binisikan | sampun kaduga ing galih | sêmune sang nrêpati | wanodya anyar pinundhut | Ki Juru wruh sasmita | lêlungidira nrêpati | duk sêmana anging ta datan katara ||

107. angling sultan lah muliha | marang nêgara Matawis | Senapati Ingalaga | sumungkêm sira ngabêkti | sarya ngaturi pamit | dhatêng sultan sampun sinung | jêngkar kang sinewaka | wus malêbêt dalêm puri | kawarnaa Senapati Ingalaga ||

108. lawan Ki juru punika | ing wau sampun pêpanggih | lawan Ki Tumênggung Mayang | sêmana wus dèn bisiki | apan sampun andugi | nulya wau lumastantun | Senapati

--- [f. 112r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 78 dari 79

Ngalaga | wus prapta nagri Matawis | lan Ki Juru Amartani duk sêmana ||

109. cinatur sampun agêmah | padhêkahan ing Matawis | murah kang sarya tinumbas | eca manahe wong alit | nêdhêng kang pala dadi | tulus kang sarwa tinandur | ikang toya tumumpang | arata sitinya wêdhi | saya kathah ajêjêl ikang pomahan ||

110. tan ana siti kang bêra | ginarap kawula alit | kang badhe dadi nêgara | kalakung dadi pêpengin | kathah wong bêcik prapti | karasan tan ana mantuk | dadya awisma pisan | karasan anèng Matawis | datan pêgat têtiyang adandan wisma ||

111. apan nêgara Mataram | pasir wukir loh jinawi | tan ana kang winaonan | toyane miyos awêning | gasik sitinya wêdhi | sami pangling kang andulu | dening kariyin wana | ing mangke dadi nêgari | nora pilih kang wisma sami karasan ||

112. pan sampun jangkêp sawarsa | jênêngira Senapati | Ngalaga anèng Mataram | kacaryan ing wong amukti | kang tansah apangarti | apan wus Kiyai Juru | ikang ngatag aseba | pan wus satahun ing mangkin | pêkênira sebaa mring Sultan Pajang ||

113. Senapati Ingalaga | wus ta sira anêm tani |[186] ing besuk ulun aseba | yèn watên utusan prapti | dhumatêng ing Matawis | ya ta ngandika Ki Juru | pundi watên kawula | nganti utusaning

--- [f. 112v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021): Citra 79 dari 79

gusti | pêkênira sampun sinungan sêmaya ||

114. satahun kinèn aseba | dening rama sang nrêpati | manira iki wong tuwa | katon nora mituturi | mila tansah ngong peling | iya ngong sukan[187] kasêbut | wong tuwa asung warah | sampun ina ki mas gusti | lakung ewuh i wong kinarya momongan ||

115. lah kayaparan ta para | maring wongira Matawis | sami para konên nyithak | lan karyanên bata putih | tan wande iku benjing | pawarta puniku katur | dhatêng sultan ing Pajang | dening ta akathah prapti | wong ing Pajang adagang layar Mataram ||

116. ing wau ta kawarnaa | putrane ki senapati | apan sêsanga winarna | pan dèrèng ingucap malih | dening ta maksih alit | kang putra pambajêng iku | jalu ikang anama | Radèn Răngga maksih alit | wayahipun umure sadasa warsa ||

117. akêkasih Radèn Răngga | wayahira winatawis | pan lagi rumaja putra | arosa pilih tumandhing | awantêr ikang galih | lawan prawira atêguh | tan ngungkak kawanènnya | abagus prawirèng luwih | wong kang mulat prasamya wau kasmaran ||

 


Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.81. (kembali)
Lebih satu suku kata: Adipati Bintara kang winarni. (kembali)
cincing-cincing (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.81, Pupuh 13.7.5). (kembali)
kungkaban (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.81, Pupuh 13.8.3). (kembali)
Lebih satu suku kata: sampun prapta sang prabu Majapait. (kembali)
Tanggal: sirna ilang rasaning rat (AJ 1600). Tahun AJ 1600 jatuh antara tanggal Masehi: 6 Maret 1677 sampai dengan 22 Februari 1678. Mengenai sangkala ini lihat: Ricklefs (1972), hlm. 314–5, nt. 22. (kembali)
Lebih satu suku kata: sêngkalane duk bêdhah Majapait. (kembali)
mring (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.82, Pupuh 13.15.2). (kembali)
ngrat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.82, Pupuh 13.16.5). (kembali)
10 Ngampèldêntèku. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: Nyi Gêdhe Maloko nênggih. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: langkung kèdhêp prentahira nrêpati. (kembali)
13 angèstrèni (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
14 warnanên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.82, Pupuh 13.20.5). (kembali)
15 Pragalba (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.83, Pupuh 13.21.2). (kembali)
16 Lebih satu suku kata: Sunan Giri sadaya sami prapti. (kembali)
17 Biasanya guru lagu a. (kembali)
18 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.84. (kembali)
19 mungguh (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.84, Pupuh 14.1.7). (kembali)
20 sajroning. (kembali)
21 Tanggal: Sura Êdal (Dal): age paksi kêrdha nèng samodra. Sangkala ini tidak jelas. Sangkala ini mengacu pada pembangunan masjid di Demak yang menurut sumber lain terjadi pada tahun S 1428 (1506–7) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 18.7.9). (kembali)
22 Pêngging (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.85, Pupuh 14.12.3). (kembali)
23 lamining (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.85, Pupuh 14.14.1). (kembali)
24 Tingkir (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.85, Pupuh 14.14.7). (kembali)
25 cahya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.85, Pupuh 14.16.4). (kembali)
26 gêmajang. (kembali)
27 angoyak. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: uwus tinumpu sadaya. (kembali)
29 tansah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.85, Pupuh 14.23.4). (kembali)
30 Allah (dan di tempat lain). (kembali)
31 Pêngging (dan di tempat lain). (kembali)
32 suminggah (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.86, Pupuh 14.26.5). (kembali)
33 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.87. (kembali)
34 konjêm (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.87, Pupuh 15.1.9). (kembali)
35 siti. (kembali)
36 abukuh. Bandingkan: pambungkuh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.87, Pupuh 15.1.10). (kembali)
37 sitinggil (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.87, Pupuh 15.2.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.2.1). (kembali)
38 lunggyèng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.87, Pupuh 15.2.2). (kembali)
39 kaping. (kembali)
40 nanging (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.88, Pupuh 15.8.9). (kembali)
41 saksana. (kembali)
42 mangkat (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.88, Pupuh 15.10.5). (kembali)
43 wontên (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.88, Pupuh 15.17.6). (kembali)
44 towok (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
45 pêthak. (kembali)
46 tunggangi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.90, Pupuh 15.31.5). (kembali)
47 Kurang satu suku kata: saantukira ya ta rahadèn mantri. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: Pangran Dipati lan Dyan Sateja nênggih. (kembali)
49 binandhusan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
50 kukumulahipun. (kembali)
51 mêncorong (dan di tempat lain). (kembali)
52 lintang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.91, Pupuh 15.41.4). (kembali)
53 alêga. Bandingkan: ala gagalihe (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.92, Pupuh 15.46.3). (kembali)
54 lumèngsèr (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.92, Pupuh 15.47.8). (kembali)
55 trêsnanya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.92, Pupuh 15.47.10). (kembali)
56 tinrukanan. (kembali)
57 bubak (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.92, Pupuh 15.48.10). (kembali)
58 manca (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.92, Pupuh 15.49.2). (kembali)
59 Kurang satu suku kata. Bandingkan: atanapi wau sunan Murya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.92, Pupuh 15.52.2). (kembali)
60 Kanjêng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.92, Pupuh 15.54.8). (kembali)
61 Terdapat dobel sandangan: pagêring atau pagêre. (kembali)
62 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Nimas Rara Nawangsih gènira krami (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.93, Pupuh 15.60.9). (kembali)
63 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94. (kembali)
64 amanggung (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.1.1). (kembali)
65 pasêmon (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.6.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.6.2). (kembali)
66 jingga (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.5.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.7.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.7.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 19.8.3). (kembali)
67 sêngkang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.6.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.8.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.8.3). (kembali)
68 rompyoh-rompyoh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.7.2). (kembali)
69 anggandhewa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.7.6). (kembali)
70 tuntung (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.8.3). (kembali)
71 anjait (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.8.5). (kembali)
72 suh (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.11.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.12.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.12.3). (kembali)
73 wirangrong (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.12.2); awirangrong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.13.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.13.2). (kembali)
74 angrêrêpa (dan di tempat lain). (kembali)
75 panabdane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.13.3). Bandingkan: panêbdane (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.13.3). (kembali)
76 Bandingkan: udyani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.15.5). (kembali)
77 anyarèkkên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.95, Pupuh 16.15.4). (kembali)
78 sinarèkkên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.94, Pupuh 16.16.1). (kembali)
79 anglilir (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.95, Pupuh 16.18.1). Bandingkan: anglilira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.21.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.21.1). (kembali)
80 Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah sarênga lawan sira yayi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.21.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.21.4). (kembali)
81 karoron (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.23.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.23.2). (kembali)
82 kêkalih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.96, Pupuh 16.28.1). (kembali)
83 Bandingkan: Kare (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.34.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.34.1). (kembali)
84 Bandingkan: Bokong (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.35.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.35.1). (kembali)
85 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Nyai Gêdhe Ngadibaya rane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 19.35.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 19.35.3). (kembali)
86 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.97. (kembali)
87 panggaotane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.97, Pupuh 17.3.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.18.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.18.3). (kembali)
88 atinjo (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.97, Pupuh 17.7.5). (kembali)
89 bojod (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.97, Pupuh 17.8.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 29.17.3). (kembali)
90 Bandingkan: amèn (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.29.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.29.5). (kembali)
91 ringgit (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.98, Pupuh 17.13.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.33.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.33.3). (kembali)
92 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang putra Kyagêng Sêsela (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.44.7); kang putra Ki Gêng Sêsela (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.44.7). (kembali)
93 pambajêngipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 26.45.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.45.1). (kembali)
94 Kurang satu suku kata. Bandingkan: jangkêp pêpitu ingetang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.99, Pupuh 17.35.2). (kembali)
95 Tanggal: rupa gana warna ratu (S 1461). Tahun Masehi: 1539–40. Bandingkan: rupa naga warna ratu (S 1481) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 26.64.6). (kembali)
96 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.100. (kembali)
97 Lebih satu suku kata. Bandingkan: karya lanjaran wiyose (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.4.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.4.3). (kembali)
98 Panangsang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.100, Pupuh 18.4.8). (kembali)
99 Kurang satu suku kata: iya arane ingkang amalih kapti. Bandingkan: apa rane iku ora malih kapti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.7.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.7.9). (kembali)
100 sampun. (kembali)
101 Bandingkan: Rangkud (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.10.6). (kembali)
102 angèmbèt-èmbèti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.11.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.11.1). (kembali)
103 Lebih satu suku kata: Si Rakut balidrang ujar. Bandingkan: Si Rangkud cidra wacana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.11.8); Si Rangkud cidra wasana (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.11.8). (kembali)
104 Kurang satu suku kata: sinêngkalan guna cepta warnanèki. Bandingkan: sinangkalan guna yaksa warna nabi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.12.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.12.9). (kembali)
105 Tanggal: guna cepta warnèki (S 14?3). Watak bilangan kata "cepta" dalam sangkala ini tidak jelas. Bandingkan: guna yaksa warna nabi (S 1453) . Tahun Masehi: 1531–2 (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.12.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.12.9). (kembali)
106 karuna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.12.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.12.10). (kembali)
107 dalanggung (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.18.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.18.4). (kembali)
108 Bandingkan: ambantêr (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.19.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.19.8). (kembali)
109 sinjang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.101, Pupuh 18.16.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 27.20.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 27.20.8). (kembali)
110 nyanggupana (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.102, Pupuh 18.22.2). (kembali)
111 kinarsakkên (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.102, Pupuh 18.26.10). (kembali)
112 Bandingkan: anyuduki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.103, Pupuh 18.30.1). (kembali)
113 panggoconira (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.103, Pupuh 18.30.2). (kembali)
114 apêputra. (kembali)
115 watang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.103, Pupuh 18.36.8). (kembali)
116 Lebih satu suku kata: sapa kang sumanggupa. (kembali)
117 kuwanin (dan di tempat lain). (kembali)
118 Lebih satu suku kata: Ki Panjawi lan Ki Pamanahan. (kembali)
119 Kurang satu suku kata: kaliwat dhomas cacahe. (kembali)
120 mangkya (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.105, Pupuh 18.53.4). (kembali)
121 bêrêg. (kembali)
122 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.106. (kembali)
123 bêbotohi. (kembali)
124 anggênggêng (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
125 Lebih satu suku kata: ya ta mlêbêt pangarit sajroning kutha. (kembali)
126 bêkta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.107, Pupuh 19.18.3). (kembali)
127 Kurang satu suku kata: dening gustinira dawêg adhêdhahar. (kembali)
128 lathi. (kembali)
129 pendah (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.108, Pupuh 19.32.2). (kembali)
130 watêking (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.108, Pupuh 19.32.5). (kembali)
131 prapta (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.18.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.18.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 41.29.7; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 5.26.7). (kembali)
132 mêthanthang. (kembali)
133 sinosog (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
134 andungkap (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.108, Pupuh 19.39.1). (kembali)
135 kasangsang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.109, Pupuh 19.40.4). (kembali)
136 ganjur (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.109, Pupuh 19.40.4). (kembali)
137 Bandingkan: pancing (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.109, Pupuh 19.43.2). (kembali)
138 anggalasah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.109, Pupuh 19.43.3). Bandingkan: anggulasah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.34.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.34.3). (kembali)
139 Bandingkan: ungkih-ingungkih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.109, Pupuh 19.46.5). (kembali)
140 tangkêping (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.109, Pupuh 19.47.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 41.41.4). (kembali)
141 andulu (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.109, Pupuh 19.47.7). (kembali)
142 kobêr. Bandingkan: kaur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.50.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.50.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 41.42.1). (kembali)
143 gêgêtunira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.109, Pupuh 19.51.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.53.5). Bandingkan: gagêtunira (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 25.41.5). (kembali)
144 Lebih dua suku kata: Tumênggung Mataun sira kasayahan. Bandingkan: tan antara Tumênggung Mataun prapta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.54.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.54.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 41.47.1); Ki Tumênggung Mataun mangsah ing yuda (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 5.42.1). (kembali)
145 Kurang satu suku kata: Ki Mataun angêmasi. Bandingkan: tumênggung wus angêmasi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.54.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.54.5); ki tumênggung wus ngêmasi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 5.42.5). (kembali)
146 Tanggal: rupa pandhita karya tumêkèng nabi (S 1471). Tahun Masehi: 1549–50. Lihat juga: iku sapta hèr nabi (S 1471) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.55.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.55.7). Bandingkan: wiku sapta hèr nabi (S 1477) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 5.43.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 45.37.7). (kembali)
147 ambêranang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.110, Pupuh 19.55.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 41.53.1). Bandingkan: ambaranang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 30.56.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 30.56.1). (kembali)
148 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.111. (kembali)
149 wontên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.111, Pupuh 20.1.1). (kembali)
150 borong (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.112, Pupuh 20.16.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 42.6.2). (kembali)
151 Bandingkan: lêrês (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.112, Pupuh 20.19.4). (kembali)
152 binongkokan. (kembali)
153 golong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
154 jêngkar (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.113, Pupuh 20.29.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 42.31.1). (kembali)
155 Bandingkan: nanging inganti uga (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 31.67.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 31.67.5). (kembali)
156 cêngkar (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.114, Pupuh 20.45.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 31.80.3). (kembali)
157 piyangkuhe (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.115, Pupuh 20.48.3). (kembali)
158 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.116. (kembali)
159 rinangkul (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.117, Pupuh 21.13.5). (kembali)
160 lèngsèr (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.117, Pupuh 21.16.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.24.1). (kembali)
161 etang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.117, Pupuh 21.18.7). (kembali)
162 gêgotongane (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.118, Pupuh 21.23.2). (kembali)
163 anggili (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.118, Pupuh 21.23.2). (kembali)
164 Bandingkan: winisuhan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.37.9). (kembali)
165 Lebih satu suku kata: jêbèng wus pinasthi besuk. (kembali)
166 anduwèni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.119, Pupuh 21.35.4). (kembali)
167 sêsêngkêran (dan di tempat lain). (kembali)
168 Kurang satu suku kata: rahadèn sira kapêksa. (kembali)
169 mingsêr (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.120, Pupuh 21.49.9). (kembali)
170 pintên (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.121, Pupuh 21.55.3). (kembali)
171 aldaka. (kembali)
172 Lasêm (dan di tempat lain). (kembali)
173 Tanggal: uni rêke mantri winisaya punika (S 1537). Tahun Masehi: 1615–6. Lihat juga: rêsi mantri tata raja (S 1537) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 45.5.3). Bandingkan: pêksi astha warna aji (S 1481) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 9.24.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 47.49.2). (kembali)
174 kadhaton (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.121, Pupuh 21.61.6). (kembali)
175 patinggi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.65.8). (kembali)
176 tinampi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.69.4). (kembali)
177 mumpung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.75.3). (kembali)
178 Girikadhatyan. (kembali)
179 anggêcaka (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.123, Pupuh 21.77.5). (kembali)
180 bêbanthènge. (kembali)
181 anênumpu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.124, Pupuh 21.88.6). (kembali)
182 rudita. (kembali)
183 Tanggal: lêlima mantri wisaya ing jalmi (S 1535). Tahun Masehi: 1613–4. (kembali)
184 pinrih. (kembali)
185 Kurang satu suku kata: pinrih amba gawa sami. (kembali)
186 Bandingkan: wuwuse anyamayani (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 27.67.2). (kembali)
187 sungkan (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.126, Pupuh 21.114.6; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 27.68.6). (kembali)