Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 022–031)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 112v lanjutan] ---
22. Asmaradana
[Radèn Pabélan nyarogoh putranipun sultan Pajang ingkang nama Sekar Kadhaton.[1]]
1. ênêngêna ing Matawis | gênti wau kawarnaa | kang anèng nagri Pajange | sira Ki Tumênggung Mayang | tansah kaciptèng nala | kala winangsit puniku | ya ta Ki Tumênggung Mayang ||
2. amrih lupute sang aji | gisire ing jangjinira | Tumênggung Mayang pamrihe [pa...]
--- [f. 113r] ---
[...mrihe] | kemutan marang kang putra | yèn sangêt dènnya mukar[2] | jêjuluke putranipun | kang wasta Radèn Pabelan ||
3. pakartine tansah nilib | tinari krama tan arsa | saba pasar karêmêne | nadyan mantri myang sudagar | yèn ana ing sênêngnya | rupane radèn kacatur | luwih bagus nagri Pajang ||
4. tan ana ikang tumandhing | baguse Radèn Pabelan | pan eman kalakohane | kang rama pêgêl kang manah | nanging dèn prih matia | mangke pikire kang sêpuh | kang aran Tumênggung Mayang ||
5. dèn lêbokkên ing jro puri | matia lawan karenah | tan kolu matèni dhewe | sarta dadi pamisaya | lupute Sultan Pajang | kênaa ing jangjinipun | gisira kang panjênêngan ||
6. gisira jangjine dhingin | pamrihe Tumêgung[3] Mayang | apan iya ing karsane | ikang kinarya dhadhakan | anênggih ikang putra | apikir sajroning kalbu | aja tagung[4] dadi karya ||
7. dadya angandika aris | sira Ki Tumênggung Mayang | hèh bocah sira sun kokon[5] | timbalana Si Pabelan | kang kinon awotsêkar | ya ta wau lumastantun | lampahe ikang dinuta [di...]
--- [f. 113v] ---
[...nuta] ||
8. nulya make dèn timbali | kang aran Radèn Pabelan | kang kinèn lampahe age | wau ta Ki Sutamarta | dutanira kang mintar | aglis wau praptanipun | ngarsane Radèn Pabelan ||
9. kang duta matur sira glis | radèn sampeyan ngandikan | ing jêng rama dika radèn | rahadyan sigra busana | sarwi ngucap mring duta | paman apa wadinipun | manira ya tinimbalan ||
10. kakên anak paman kami | kapengin dèn timbalana | tansah dèn nêngakên bae | amung mangke katimbalan | baya pêgêl kang manah | kang duta sira glis matur | sampun rahadèn pinanjang ||
11. nulya dhatêng lampahnèki | ing dalêmipun kang rama | kang duta matur sira ge | kanjêng kyai ikang suta | sampun dhatêng paseban | ki tumênggung dêlingipun | konên malêbu nak iwang ||
12. sampun kering radèn nênggih | prapta ngarsane kang rama | nulya ngabêkti ngramane | kang rama aris angucap | lah payo aligiha | Radèn Pabelan wotsantun | lênggah ngandhape kang rama ||
13. mulane sira nak mami | sun undang mring ngarsaniwang | lah payo nak isun anggèr | pilihana
--- [f. 114r] ---
kang wanodya | anak para dipatya | tanapi sudagaripun | sambewara nagri Pajang ||
14. tanapi pangulu kêtib | êndi nyawa sênêngira | payo nuli sun lamare | êndi nyawa sênêngira | kang putra awotsêkar | kala mangke rama nuhun | pan taksih rêmên alămba ||
15. kang rama ngandika aris | nora duga karêpira | têka rêmên nilib bae | dudu anaking satriya | kang kaya polahira | sok wadona dèn parugul | tan angage satimbangnya ||
16. nadyan polaha ya nilib | ngagea satimbangira | yèn mati bêcik ucape | aja bedhang sok wadona | kagawa mring wong tuwa | Radèn Pabelan turipun | sapa sitên kang sudia ||
17. anak isun pikir mami | yèn sira mêksa balasar | aja tanggung karêp ingong | yèn mati bêcik ucapnya | yèn kêna dadi putra | karêp isun aja tanggung | Radèn Pabelan tur sêmbah ||
18. karêp manira nak mami | kang aran Sêkar Kadhatyan | lêbonana iku agèr | aja tagung polahira | sok uga si wawuha | gampang si jêjabanipun | yèn wis kêna jêjêronya ||
19. wantune anak pawèstri | măngsa dèn palaur wirang | yèn wus kêna jêjêrone | lah payo sira midhanga | iki sira bêktaa | pan Radèn Sêkar Kadhatun | sabên dina aputusan ||
20. pan sêkar [sê...]
--- [f. 114v] ---
[...kar] dèn karêmêni | sabên dina aputusan | iki sêkar karêmêne | kênanga kalawan pacar | malathi sumawona | adhangênang[6] ing dalagung | galedhegan kang prayoga ||
21. wong sêdya tumbas dèn wèhi | sêkar pan kaliwat bungah | lah payo miyanga age | mumpung măngsa rame pasar | Radèn Pabelan sira | nampani cêcathongipun[7] |[8] isi sêkar lawan surat ||
22. sêratipun pan lininting | binêbêd sêkar kênanga | anèng sajroning cêcothong[9] | nora katon ingukaban[10] | yèn nora winudharan | dhêmiting wong darbe kayun | tumulya radèn lumampah ||
23. galedhegan sampun prapti | tumèmpèl ing pipi wetan | sarwi kêkudhung rahadèn | kapasang yoga kang lampah | nulya watên putusan- | ira nênggih Radèn Ayu | Sêkar Kadhaton ni êmban ||
24. nulya radèn marêpêki | dhatêng lampahe ni êmban | ni êmban gawok tingale | baguse Radèn Pabelan | sarwi radèn têtanya | bibi mara tambung laku | rika mandhêga sakêdhap ||
25. manira têtanya bibi | pêkênira bibi sapa | dhatêng pasar kang akokon | ni êmban aris aturnya | kawula kang putusan | radèn jro Sêkar Kadhatun | pinutus têtumbas sêkar ||
26. kapasang yoga bok bibi | pêkênira dhatêng pasar | pinutus mring kajêng radèn | dhatêng pêkên tumbas sêkar | bibi sampun [sampu...]
--- [f. 115r] ---
[...n] atumbas | sêkar kawula anjurung | atur sêkar dhatêng radyan ||
27. ni êmban bungah kêpati | dhuh lae nora kangelan | ana ikang ngatur bae | kang sêkar nora atumbas | ni êmban nulya mojar | kula têtakèn lah bagus | mênawi dangu ratu mas ||
28. Radèn Pabelan nauri | bibi mênawi tan wikan | iya maring awak ingong | bibi manira kang anak | nênggih Tumênggung Mayang | Radèn Pabelan ran isun | ni êmban jablong[11] tan mojar ||
29. ni êmban micarèng ati | baya iki ta rupanya | kang dèn alêm mring wong akèh | sarupane wong kadhatyan | padha kasmaran ujar | mêngko isun dhewe wêruh | nyata bagus nora iwang ||
30. dawêg kondur wong abênthing | kawula mantuk jro pura | ngaturakên pan sêkare | Radèn Pabelan wus mênyat | pan saking prênahira | nulya rawuh dalêmipun | ramane Tumênggung Mayang ||
31. banjur malêbêt sirèki | kyai tumênggung pinarak | nulya sinapa putrane | ngabêkti Radèn Pabelan | kang rama angandika | olih gawe anak isun | kang putra matur wotsêkar ||
32. igih sampun dèn tampèni | putusane jêng ratu mas | kang parab Sêkar Kadhaton | nulya kang rama ngandika | yèn tulus katampana | pan ungêle sêrat isun | nyawa dening aputusan ||
33. yèn tulus dipun [dipu...]
--- [f. 115v] ---
[...n] tampani | benjang putusane mêdal | nulya panggihana age | tur nora liyan putusan | tunggal kang tămpa sêkar | iku besuk kang dèn utus | payo nyawa lêbonana ||
34. yèn uwis sira lêboni | nuli ajakên sêsêtyan | nadyan ana sêntanane | kang nora pêthuk mring sira | yèn uwis asêsêtyan | măngsa dèn prih wirangipun | wantu wong sanak wanodya ||
35. nêngêna kang sêdya nilib | ucapên kang anèng pura | kang wasta Sêkar Kadhaton | putrane Jêng Sultan Pajang | putra dinama-dama | dening endah warnanipun | sampun liwat pamêpêgnya ||
36. sampun surup sa yyang rawi | ni êmban pan tinimbalan | sampun dhatêng ing ngarsane | biyang isun takon warta | apa kowên wus wikan | kêmbang kang abêkta iku | biyang ing jro isi layang ||
37. biyang sarêng sun ukabi | sun waca ungêling surat | atiku tanbuh rasane | unine layang mêngkana | têmbunge angawula | yèn katampèn jêng mas ayu | nuli sampeyan putusan ||
38. Rahadèn Sêkaring Puri | sarêng sampun maca surat | têka amujung asare | tambuh rasane kang driya | kêna ngasmara turan | asmara kirim wus kalêbu |[12] kabêkta dening bok êmban ||
39. rahadèn nulya alilir | ngandika dhatêng bok êmban | biyang nora mêkas manèh | lamun sira pêpagiha[13] | lawan kang asung surat | yèn wong bagus sêdya tulus | nuli konên [ko...]
--- [f. 116r] ---
[...nên] malêbua ||
40. tumulya enjang kawarni | bok êmban anulya mêdal | kapêndhak kalawan radèn | kapanggih ing galedhegan | ni êmban nulya mojar | lah radèn pan sampun katur | kang sabda kanjêng ratu mas ||
41. yèn tulus kang kintun tulis | sampeyan dèn arsa-arsa | ikang sabda gustiningong | sumaur Radèn Pabelan | lah sampun walangdriya | nuli bibi dika mlabu[14] | dalu riki atut wutat[15] ||
42. ni êmban pan sampun mulih | warnanên Radèn Pabelan | sampun matur mring ramane | kadospundi rèh sampeyan | yèn kula malêbêta | Tumênggung Mayang amuwus | awèh warah mring kang putra ||
43. aja mêdal sira kori | pakewuh ing wêdalira | pan akèh wong kêmit anon | karêp isun lêbunira[16] | mêdala marga bata | gampanga yèn sira mêtu | aja na kang wong uninga ||
44. kang putra matur ngabêkti | kadospundi kanjêng rama | dèrèng sagêd kang makados | maksih tarondhol kawula | kang rama nulya mojar | cabar têmên sira iku | kaya dudu anak iwang ||
45. payo sun atêr nak mami | măngsa isun tegakêna | payo wus sêdhêng wayahe | mêngko pan wus sirêp jalma | payo sira dandana | kang putra busana sampun | nulya mangkat kang adhustha[17] ||
46. Radèn [Ra...]
--- [f. 116v] ---
[...dèn] Pabelan pan sami | sampun ngrampid lan kang rama | pagêr dalêm bata gêdhe | Tumênggung Mayang angucap | iki lah apalêna | lamun sira karsa mêtu | karenah yèn ngusap bata ||
47. kang putra dèn wuruk sisip | darapon tan bisa mêdal | iku pamrihe ramane | nulya kang bata dèn usap | dhatêng Tumênggung Mayang | sampun mêndhak banonipun | sêktine Tumênggung Mayang ||
48. lah malêbua nak mami | besuk lamun sira mêdal | usapên kaya mêngkene | nulya kang putra jumangkah | malêbêt ing jro pura | kang banon ingusap sampun | mulih kadi duk ing kuna ||
49. Ki Tumênggung Mayang mulih | sampun enak manahira | kang putra wus ana ing jro | kadhaton Radèn Pabelan | ênêngêna kang rama | kocapa sang murtiningrum | kang nama Sêkaring Pura ||
50. kaya wong sampun udani | pan sangêt dènnya kasmaran | tansah rêngêng-rêngêng bae | datan dhahar datan nendra | ikang kaciptèng nala | anake kyai tumênggung | kang gawe rundahing nala ||
51. nênggih sampun watên ja puri |[18] nanging wong jro datan wikan | sirêp jalma ing lêbête | wong lalang[19] tan kapaguhan[20] | sampun tate andhustha | layan sampun takdiripun | bêbantêne wong Mataram ||
--- [f. 117r] ---
52. Radèn Pabelan wus ngrampid | bangsal pasareanira | Radèn Dyah Sêkar Kadhaton | tansah dèn jakung[21] kewala | mênawi katambêtan | mila manah mangu-mangu | nulya nguncali bêbalang ||
53. nulya binalang karikil | pasareane dyah rara | kumalethak pan syarane | nulya dyah rara garjita | wantu wong sampun brăngta | nulya sang rêtna glis mêtu | jumênêng madyaning latar ||
54. nulya radèn marêpêki | angucap sajroning nala | kaya iki sêsotyane | gandane dudu parêkan | radèn awor lan pucang | nanging sang dyah dèrèng wêruh | wantune sangêt pêtêngnya ||
55. kèmêngan sajroning ati | mangke Rahadèn Pabelan | wantuning wong durung wawoh | mênawa yèn dèn cêkêla | iki nuli jêrita | durung ngambung manggih lampus | têka mêngkana budinya ||
56. mangke Dyah Sêkaring Puri | datan ana kang dèn taha | dhasar wantêr ing manahe | duka ing pangucapira | sapa mau ta baya | akon mêtu marang isun | têka balang pasarean ||
57. sarêng radèn mirsa nênggih | ikang syara dyah ing pura | têka wani ing manahe | sarêng obah gya sinapa | dening lêsmining pura | sapa wonge baya iku | sumaur Radèn Pabelan ||
58. kawula têtiyang jawi | anake Tumênggung Mayang | malêbêt marêk nah agèr | sadya ngabdi mring kusuma | sang dyah alon [alo...]
--- [f. 117v] ---
[...n] ngandika | sarwi nyandhak astanipun | si ludhês kagungan manah ||
59. binakta rahadèn nuli | malêbêt ing pasarean | mênga tumangkêb samire | kang pawongan tan uninga | sampun sirêp sadaya | pan tutug sasêdyanipun | datan ana sintanaha[22] ||
60. yèn siyang samya aguling | yèn dalu agung[23] asmara | kacarita ing lamine | Radèn Pabelan wanuhnya | anèng sajroning pura | kacarita gasal[24] dalu | kang sawanèh tigang dina ||
61. Rahadèn Sêkaring Puri | sare pakone kang raka | sampunira akarêsmèn | kang raka tinakonan |[25] sambi apagujêngan | kula takèn kakang bagus | duk malêbêt pundi marga ||
62. kang raka aris nauri | pêgene wong ayu sira | atêtakon lêbuningong | samarganisun mlabua | sok aja na wong wikan | pan ora pilih dalagung | wantunisun duwe karsa ||
63. Dyah Sêkar Kadhaton angling | kakang mas mila têtanya | mênawi cuwa wak ingong | gèn isun kakang ngawula | dhatêng karsa andika | yèn lampah dika kadangu | pasthi kawula kang cuwa ||
64. kakang panêdha sun iki | ing salampah-lampah dika | mugi tulusa sêdyane | yèn tulus panêdya dika | pasthi tulus kawula | gèn isun ngèngèr wong bagus | kang putra Tumênggung Mayang ||
65. kongsi bathia nak siji | katura dhatêng kang eyang | mandah bungahe [bu...]
--- [f. 118r] ---
[...ngahe] wak ingong | tuli dèn pêparingana | karoncong lan gêgêlang | tur lanang baya nak isun | gumujêng Radèn Pabelan ||
66. mila kakang sampun lami | watên sajroning kadhatyan | mênawi watên wong anon | nadyan wontên wong wêruha | yèn sampun kakang nikah | tan kawatir manah isun | rahadyan pêthuk ing nala ||
67. nanging kakang sun wangêni | sapêkên kakang nèng jaba | aja lawas-lawas bae | kawula tan bêtah pisan[26] | kakang kalawan dika | kang rayi nulya dèn rangkul | pan sarwi sira dèn aras ||
68. iya isun mêdal gusti | ing mêngko wayahe apa | pan Radèn Sêkar Kadhaton | sumaur sarwi ngujiwat | wayahe mêngko kakang | bakda ngisa wayahipun | sun mêdal sira mundura ||
23. Durma
[Radèn Pabélan kaperjaya wonten dalem puri déning tiyang tamtama Pajang.[27]]
1. nulya mêdal mangke Rahadèn Pabelan | sampun matêk sira glis | kang èsmu sadaya | kang lalang tan uninga | lampahe radèn wus ngrampid | pigir sagaran | riwut pêtênge rèki ||
2. sigra dhatêng banon agêng sira radyan | marginira duk manjing | nulya sira mangkat | èsmu wuruking rama | ingusap kang banon nênggih | pan ora obah | radèn matêk ping kalih ||
3. èsmunira ping kalih jakêp[28] ping tiga | gènira matêk sigih | banon nora obah [o...]
--- [f. 118v] ---
[...bah] | dèn usap dening radyan | pan mangke karasèng ati | Radèn Pabelan | yèn dèn lêbokkên pati ||
4. yèn ngucapa ing kalbu sira rahadyan | nadyan tumêkèng pati | mangke awak iwang | aja mati prayoga | matia kalawan putri | Sêkar Kadhatyan | nulya bangsul[29] sira glis ||
5. nulya sêmona Rahadyan Sêkar Kadhatyan |[30] dèrèng sira aguling | nuli lampahira | radèn prapta ing latar | bajur malêbêt sirang[31] glis | ing pasarean | samir winiyak nuli ||
6. glis sina dera Dyah Sêkar Kadhatyan |[32] kakang pêgene bali | kakang ana apa | baya ana wong lalang | rahadèn sumaur aris | dhuh gustiniwang | tan bêtah pisah kami ||
7. yèn sidaa tan wande pêjah wak iwang | mulane mara bali | nulya kang pawongan | sami sira miyarsa | pawong sakathahnèki |[33] bekane mara | mirsa syaraning jalmi ||
8. jalma lanang kapirsa talingan mara | pocapan lan dyah gusti | apa jêng ratu mas | bekane acarita | kang sawiji anauri | durung amirsa | ratu mas caritèki ||
9. yèn mêngkono bekane lah nyatakêna | syara kapirsa uni | yèn mangke ligiha | ngêndi ana carita | kalih dalu nora uwis | lan jêng ratu mas | kawan dalu tan mijil ||
10. pantês baya bekane ya ulah [u...]
--- [f. 119r] ---
[...lah] bedhang | wong patang puluh iki | pasthi pinêjahan | denêng[34] Jêng Sultan Pajang | angraksa kalêbon sandi | yèn tan matura | kaya ngapa puniki ||
11. payo matur mênawi ta kadhinginan | wong lalang wong tamtami | nora wande pêjah | sira kalawan iwang | payo bekane dèn aglis | matur mring sultan | nulya malajêng sami ||
12. sarêng dhatêng ngajêngan para parêkan | samya konjêm ing siti | barêng aturira | ature kang parêkan | ngaturakên pati urip | sultan kawula | tiwas angraksa gusti ||
13. angandika kanjêng sultan mring parêkan | tiwas apa sirèki | ngraksa gustinira | parêkan matur samya | kawula kalêbon jalmi | nênggih kang aran | pun Pabelan sirèki ||
14. sarêng mirsa sultan aturing kawula | jaja lir wora-wari | kumêdut lathinya | ujalane kang netra | kadi surya saupami | kang ulat ebat | tăndha sangêt dukèki ||
15. hèh parêkan timbalana wong tamtama | sakiwa têngênnèki | padha konên gawa | sajajarnya parêkan | anulya lumampah aglis | ing pasebannya | wong tamtama wus ligih ||
16. hèh prayayine wong tamtama ngandikan | malêbêt mring sang aji | jajar dèn gawaa | lah payo ta dèn egal | parêkan sampun [sa...]
--- [f. 119v] ---
[...mpun] ngriyini | dhatêng ngajêngan | nulya matur sang aji ||
17. kawula nuhun kanjêng sultan lampah kula |[35] animbali kang abdi | tamtama sadaya | srimanganti wus prapta | nulya sultan ngandika ris | lah lêbokêna | parêkan mêdal aglis ||
18. Ki Ngabèi Wiratanu lah ngandikan | kalawan Ki Ngabèi | Wirakarti dika | kalih pan sampun prapta | ngajênganira sang aji | sultan ngandika | marang Ki Wirakrêti ||
19. Wirakrêti hèh Wiratanu ta sira | patènana dèn aglis | kang ana jro pura | banthèng sungu kancana | kang anyudhang putri sami | pacuhan sira | dèn mati padha mangkin ||
20. Wiratanu Wirakrêti kang dèn bêkta | sadaya sewang sami | pan sira lumampah | kaputrèn wus kinêpang | nulya linêbêtan aglis | mantri satugal | dalême sang sudèwi ||
21. parêkane ratu mas wus winasitan[36] | pan sami kesah aglis | ratu mas sêmana | kari arêrangkulan | radèn ayu angapithing | dhatêng kang raka | sêdya barênga mati ||
22. ki ngabèi ningali dhatêng ratu mas | nulya mundur sira sri | nulya rêrêmbagan | wong kănca kaya ngapa | gènira nêrajang iki | kanjêng ratu mas | datan bêgang[37] sanyari ||
23. Angabèi Wirakrêti nulya ngucap | lah mêngko ta dèn ririh | nanging wês iwang |[38] lamun isun watuka |
--- [f. 120r] ---
nuli malêbua sami | aja salaya | kabèh sakănca mami ||
24. Ki Ngabèi Wirakrêti nulya mangkat | malêbêt sira aglis | pan sarwi angucap | anak isun Pabelan | tingalana isun iki | [...] |[39] miyak samirarèki[40] ||
25. anak isun lamun sira têkèng pêjah | pun paman kang naguhi[41] | pan isun winênang | sarupane jro pura | sultan wus pracayèng kami | wong dosa pêjah | yèn isun kang ngalangi ||
26. mapan isun ginugu maring jêng sultan | jaluka sira iki | lah payo nak iwang | kang tumênggung pracaya | apan isun wus dèn wêling | mring ramanira | ya polahira iki ||
27. Radèn Pabelan dêlalah yèn têkèng pjah | têka ngandêl sirèki | nulya sira wudhar | sarwi sira angucap | radèn ayu isun mijil | lah uculna iwang |[42] man[43] ngabèi nangguhi ||
28. man ngabèi wus winêkas maring rama | dening tikah puniki | nulya radèn mêdal | miyos mring palataran | sêdyane radèn ngujungi | dhumatêng sira | Ngabèi Wirakrêti ||
29. sarêng dhêku kang wiking sirê[44] nrêrajang | barêng panuduknèki | radèn kaprajaya | tan kosi[45] asêsambat | kapisanan nulya mati | tatu têtiga | padha butule sami ||
30. sampun mati binuwang kali Nglawiyan | kang rama tan mirsèki | pan kanti rong
--- [f. 120v] ---
dina | tumêngguh[46] dènnya mirsa | yèn kang putra sampun mati | pan sinudukan | sampun binuwang kali ||
31. sampun atas yèn kang putra sampun pêjah | sampun binuwang kali | nulya aputusan | sira Tumênggung Maya[47] | dhatêng kang raka Matawis | binêktan surat | lampahe sampun prapti ||
32. nulya katur layange Tumênggung Mayang | dhumatêng Senapati | pan ungêling surat | kakang bêkti kawula | katura sampeyan sigih | malihe kakang | kawula atur paksi ||
33. putra tuwan pun Pabelan sampun pêjah | patine dèn suduki | anèng jro kadhatyan | kakang nganti punapa | kang raka sarêng mirsèki | alêk kang manah | nanging datan kawijil ||
34. kacarita Senapati duk sêmana | sampun sumadya ngati | apan sampun lawas | nora seba mring Pajang | Ki Juru sampun nudugi[48] | maring kang putra | nanging dèn wêwarahi ||
35. ikang putra Senapati kang patutan | Kalinyamat anênggih | wasta Radèn Răngga | warnanên ikang rama | mêmanas ati kang kardi | pamrihing nala | gawe duka sang aji ||
36. nora seba Senapati sampun lama | tansah dèn pituturi | dhumatêng kang paman | pakaryane sêmana | mangan nginum rina wêngi | make kocapa | Sultan Pajang nrang gêndhis ||
--- [f. 121r] ---
24. Dhandhanggula
[Sultan Pajang ngutus duta dhateng Mataram.[49]]
1. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kanjêng Sultan Pajang | miyos saking kadhatone | ginarêbêg dyah ayu | cahyanira tinon lir sasi | badhaya anèng ngarsa | pan pitung panglajur | sêlir lawan rare wandhan | rare bule cêkak lawan rare dhampit | upacara nèng ngarsa ||
2. ardawalika lan sawunggaling | banyakdhalang lawan kêkacumas | gandhèk lan kuthuk rowange | binêkta rare bucu | rare bajang wujil lan bêksi | lan rare kêkesodan | samya anèng ngayun | pan pinarak siti bêntar | kanjêng sultan kang wadyabala aniwi | samya konjêm pratala ||
3. kanjêng sultan mugèng kathil adi | kang pinantik[50] mangke nawa rêtna | maliyo kêkasurane | kang ing jro isi santun | gandanipun sumêr awêngi | sultan ikang ngujyala | kucêm kang adulu | merang maring kang ujyala | kajêng sultan kang cahya make nêlahi | dening sultan nuri[51] rat ||
4. Sultan Pajang sigra dènnya angling | maring wadya kang anèng ing ngarsa | sira kaprungon wartane | Senapati puniku | sutèng ulun anèng Matawis | dening lami tan seba | apan wus satahun | sêmayane [sêmaya...]
--- [f. 121v] ---
[...ne] uwis liwat | ing katiga malilangi anèng langit | wulan wêlu purnama ||
5. malilangi sêmayane prapti | sa yyang surya mèh surupe ika | tunjung kucup mêkar kabèh | dening wus jangjinipun | apan nora kêna ing gisir | apa karane ika | sutèngong tan rawuh | Senapati ing Mataram | sajajine kalawan isun ing nguni | dadya madayèng ujar ||
6. Sultan Pajang ratu digbya sêkti | manahira nênggih sêmu duka | muluk salab kahanane | jalma akên puniku | kapyan kagyat sajroning ati | dening miyarsa ujar | sira sang pukulun | kang wadya matur sadaya | hèh sang nata kawula miyarsa warti | Risang Sutawijaya ||
7. kunêng kang tansah ingaji-aji | karsa balik malah sampun nyithak | akarya kitha arahe | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | lan Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada satikah polahe ugi | Risang Sutèngwijaya ||
8. dutanira karya angatuti | angusapi lêbu ing sukunya | sang duta mêsat sira ge | anitih kuda mamprung | mring Mataram Ki Senapati | sunya anèng Lipura | duta karya nusul | ing Lipura sigra prapta | Senapati gènnya apanggih anitih | ing kuda acalana [a...]
--- [f. 122r] ---
[...calana] ||
9. Kyai Gêdhe Wuragil sigra ngling | Angabèi Wilamarta nêdha | mudhuna sing kuda age | nimbalakên pamuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika arsa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||
10. maksih magung anugang ing taji | jêngandika dutane jêng sultan | yakti kasor ing tandange | dening mudhun karuwun | saking taji kang dèn timbali | maksih anugang jaran | jêngandika iku | nora beda lawan sultan | kang akokon sarupanya duta sigih | dipun roro satugal ||
11. Senapati Ingalaga angling | hèh Wuragil lawan Wilamarta | ragane sira kinèkèn[52] | duta karo amuwus | dahat ulun duta rama ji | angêmban pangandika | rining sang aulun | mangan nginum marènana | asebaa maring Pajang dipun aglis | myang kita akurèsa ||
12. duta karo sinauran aglis | Senapati maksih nugang jaran | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmagani | angalap gurtanira[53] | lawan garwanipun | mangan nginum mula kinon [kino...]
--- [f. 122v] ---
[...n] |[54] mêmarèni apan kêna ulun maksih | doyan nginum mêmangan ||
13. ulun kinèn akurisa iki | dening sultan akaryaa paras | tuwuh lan karêpe dhewe | pêgene ya cinukur | malah sêdya ulun puniki | têka para matura | maring sang aulun | yèn mêngkono ujar iwang | duta karo Wilamarta myang Wuragil | amit mulih mring Pajang ||
14. sigra lampahira nulya prapti | pan tumamèng sira ngabyantara | cundhuk lawan sultan age | nêmbah ngusapi lêbu | ing sukunya nulya aligih | tumukul myang ngarêpan | ling duta sang prabu | agèr pun Sutawijaya | pan ubanggi ing ulun kinèn rumiyin | lumampah anèng wutat ||
15. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | risêdhêng ana dalême | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | kadyaparan iku | rèh andika iku nyawa | nora mangkat ingandikan ing rama ji | tan wande mêmusuhan ||
16. ulun ngaturi uninga sigih | kadipundi kita mêmusuhan | sapa kita karya topèng | mantri Mataram takut | yèn adunên lawan rama ji | Sultan Pajang kawasa | digbya siti daut | têlik [têli...]
--- [f. 123r] ---
[...k] tandhane kang dhustha | tan tumama ing ngabyantara nrêpati | kapati sira nendra ||
17. sinudukan dening punang têlik | Sultan Pajang eca gènnya nendra | lir lalêr mecok[55] rasane | kampuhipun tan butul | para garwa kagyat pan anjrit | sultan pan sinungkêman | kagyat sira wungu | ningali kang para garwa | padha nangis gumuruh watên ing sikil | anêrka yèn kabranan ||
18. kadêr[56] pira dêdamêl Matawis | nanging dhomas wongira Mataram | apan dudu timbangane | yèn musuha sang prabu | yakti kalah wadya Mêtawis | sela lawan atigan | dudu timbangipun | timbangên myang rajaputra | wong Mataram wadya Pajang kang sadhidhik | wong sèwu pandumira ||
19. rajaputra dunungira ing sih | ajêjuluk Pangeran Bênawa | salêksa bala kathahe | lirna kang para mantu | adipati ing Dêmak sigih | sangang èwu kang bala | anulya kang mantu | anênggih Dipati Tuban | balanipun wolung èwu iku nênggih | mantu putu anulya ||
20. adipati ing Bantên kêkasih | pintung[57] èwu wong Mataram dhomas | kèhira wadyabalane | wêsi karyanên balung | pan têmbaga karyanên kulit | apan otota kawat | gêgala [gêga...]
--- [f. 123v] ---
[...la] kang susum | tan wande rêmuk kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ikang dhomas ||
21. lir atiga[58] sela ikang ngapit | wong Mataram upama atigan | wadya ing Pajang selane | apan kalah kang têlu | ulun karya upama malih | duryan wadya ing Pajang | wong dhomas lir timun | sayêkti măngsa mênanga | ikang timun yakti duryane nindhihi | duryan pasthi kang mênang ||
22. lirna sasi wadya ing Matawis | lirna surya wadyabala Pajang | ing raina mijil age | sasi kucêm dinulu | marang ika ngujala sasi | dene ujalan surya | apadhang dinulu | lir apining wong Mataram | wong ing Pajang lir udan saking ing langit | gêni pasthine sirna ||
23. kadipundi lah Ki Senapati | ênggènira musuh Sultan Pajang | kita uga ing dhèwèke | ngandêlakên yèn têguh | rasanira dadya lan sêkti | têmpuh pupuh wak kita | myang ketara[59] bau | myang ramanira sang nata | ulun iki aku ta merang ningali | ngamuka mantri Pajang ||
24. mandahane kapirsaa aglis | dening ratu nênggih tanah sabrang | kang sêngit diguyu mangke | dening musuh sakuthu | yakti nêrka liyan narpati | Senapati Ngalaga | ènthèng bobotipun [bobot...]
--- [f. 124r] ---
[...ipun] | katuju wania aprang | musuh yaya[60] angrasa tanna madhani |[61] musuh suta myang bapa ||
25. pangrasane atinisun iki | lamun kita musuha wong liyan | sapuluh Pajang gêdhene | apan ta uulun purun |[62] pan sajagat kêbêka iki | mapan barênga mara | wus pantês wong jalu | uga mijila ing rana | ginarumung tinub ing sanjata bêdhil | suligi lêmbing panah ||
26. pakanira lah Ki Senapati | lamun kita musuh Sultan Pajang | têlung prakara inane | dhingin musuh ing guru | kaping kalih musuh ing gusti | kaping tiga wong tuwa | ing kita amusuh | iya dudu kang ayoga | sasat bapa dèn kita kala ing cili | kinêmpit alit mila ||
27. lire kita aguru rama ji | mapan kita winuruk ing sastra | duk kala akèl balige | tatas suraosipun | nulya kita winuruk malih | karosan kadigdayan | para digbya luhung | kita malêbèng sêgara | datan têlês lir angambah ratan siti | kita abong tan pasah ||
28. pan masalah kami dadi mantri | myang dipatya miwah dadi nata | pan wus winuruk kabèhe | wus atas jroning kalbu | marang kita ramanira ji | purwane kita digbya | sêkti ambêk sandu | punapa pamalês kita | maring sultan pan kita sampun asigih | mêngku rat bala dhomas ||
29. Senapati Ingalaga nangis |
--- [f. 124v] ---
jroning nala dènira miyarsa | ya ta wirayat mangkene | kang paman Kyai Juru | Amartani wutah dira ngling | Senapati Ngalaga | marêpa[63] tumukul | angrasa yèn kalêrêsan | yèn sumili[64] Senapati ing Matawis | age sira dèn mojar ||
30. paman Kyai Juru Amartani | ing rèh pêkênira kadyaparan | kang pundi yoga ingage | kunêng wong dadi ratu | dening lumuh ulun puniki | seba ing Sultan Pajang | sakarsane ulun | têtêpa anèng Mataram | takèng[65] line[66] tumuruna sutèng mami | myang putu buyut canggah ||
31. Kyai Juru Amartani angling | dèn wruh tugalira kang sinêmbah | apan iku kajatène | yoganira puniku | nênêdhaa dipun atiti | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | ing gusti lawan kawula | kanyataan kawula kalawan gusti | lir satu lan rimbagan ||
32. yèn wus nyata tingaling Yyang Widi | pan têdhanên nagara ing Pajang | idhêpa ing kita kabèh | sakèhing para ratu | mapan kita dadia aji | sumiliha ing Pajang | gampangêna iku | pitanên[67] maring Yyang Sukma | têmên-têmên idhêp paraning atugil | gusti lawan kawula ||
33. kaping kalih pintanên ing aji | maring ramanira kang sinêmbah | dipun waspada tingale | atampia ing kawruh | silanira ing myang pangaksi | dening sri naranata | lah êndi
--- [f. 125r] ---
pukulun | punapa nalikanira | laku ligih solah mona lawan muni | tan kengang pisahêna ||
34. lamun isun asebaa isin | maring Pajang mintaa nêgara | têdhanên têka ing kene | dene wo[68] parêkipun | lamun nyata wadya myang gusti | adoh tanpa wangênan | apêrêk puniku | datan agêpok sarira | kanyataan lir syara kalawan muni | pracina dadi nata ||
35. mapan nyata lah Ki Senapati | sampun nugil rasa lawan sultan | sakuthu tugal titise | yèn têrkane ing ulun | lamun sultan dhatêng ing lalis | ing panjênênganira | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | agêntosi panjênênganira aji | tan liyan saking kita ||
36. nadyan kathah putrane sang aji | nora nana kita kang atuwa | kinêmpit alit milane | kang dadi manahipun | nanging kita ramanira ji | kang dadi pangauban | sakèh ikang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih marang kita wus pinasthi | agêntosi ing sultan ||
37. lah Senapati pan uwis olih | kita ujaring patang prakara | sihira ing wong tuwane | padha sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | yakti datan wurung | gènira jumênêng nata | nganti saat
--- [f. 125v] ---
pêlêkên maring Yyang Widi | dèn asru brăngta ing Yang ||
25. Asmaradana
[Sénapati Ingalaga saben dintenipun bujana andrawina.[69]]
1. ing wau ikang winarni | Senapati Ingalaga | ing Mataram karatone | agung mangan nginum ika | latri anutug siyang | mantri majêgan winuwus | wolung èwu kathahira ||
2. sami liwat ing Matawis | karsane padha aseba | ngaturkên bulupêktine | maring jêng sultan ing Pajang | Senapati Ngalaga | ya ta angandika arum | lah sakèh mantri majêgan ||
3. mandhêga kene kariyin | payo mangan nginum iya | sabên dina ulun ingong | anyêkêl kidang manjangan | sun karya lêlawuhan | miwah buron banthèng iku | lan maesa minda kidang ||
4. lawan kancil ulam kali | tămbra ulaming paraga | mantri binusanan kabèh | ikang pantês binasanan | paman pinaman-paman | ikang apantês sinunu | iya binasanan anak ||
5. ikang pantês dèn basani | kakang pan binasan kakang | pantês basa uwa mangko | sami binasanan uwa | dadya suyud sih marma | para garwane winuwus | Senapati ingandikan ||
6. pan kinèn bêdhaya sami | egal kabèh sampun prapta | jamang mas kêkalung kaot | gêlang kana êmêr mêkak | kilatbahu kancana [kanca...]
--- [f. 126r] ---
[...na] | asêkang mawi panugul | itên cinawi tur endah ||
7. makucêm surya lan sasi | marang ing ujalèng rêtna | majêgan manah jrih kabèh | ningali kang para garwa | dening rumakêt basa | paluguhira mabukuh | padha rêp konjêm pratala ||
8. sadaya mukane sami | êbêk manah sandu wadya | sampun abapa biyange | kang para mantri majêgan | marang Ki Senapatya | Mataram sêtya asuyud | tuhu sêtca[70] angawula ||
9. dadya mangke Senapati | Ingalaga angandika | hèh samitra ulun kabèh | ayya wadi-wadi sira | sajroning nginum mangan | pan sumăngga rabinisun | myang sajawining rahesya[71] ||
10. wayahe wong nginum iki | nadyan tumêkèng ing prana | yèn sira ayuna mangko | kawinên mring masjid ika | alal ulun pan lila | mantri majêgan sadarum | dèn pusalin[72] busananya ||
11. pinantês ing kampuh adi | dhuwung sêsaput ratinya[73] | apan barêci kuluke | arja sinabukan cangap | jêngêr sakèh kang mulat | toya mas alyir kêkuwung | abra mancur ujalneka ||
12. prasalita katub angin | lir lintang ngalih punika | cêlananira pan cindhe | tanu èsthi pinarêmas | ikang parada papan | gêbyar-gêbyar [gê...]
--- [f. 126v] ---
[...byar-gêbyar] tinon murub | alyir thathit saeganya[74] ||
13. iku yèn kampuh cinicing | kasilir maruta ika | lir kinêbutan rasane | kang kampuh mapan angrasa | kalamun sira nikmat | dadya suka galihipun | kang para mantri majêgan ||
14. mantri majêgan ngabêkti | ngrêpa tumukul sadaya | abukuh[75] ing paluguhe | dening digdya myang têguhnya | rêtna watu[76] widigdya | luwih rêmên wong dinulu | tate kinudang ing prana ||
15. bèh sura lêgawa krami | agêlar tanpa sisingan | Senapati ngênting sukane |[77] mulat mantri majêgan |[78] dening kabèh pranata | kepyan ajêjêl supênuh | wus nêrka yèn badhe yuda ||
16. sirnane Pajang sang aji | apan kepyan satuhunya | ramping-rinamping atênggok | tate kêdhèp sami tansah | dening dèn nut tolihnya | ikang para mantri iku | mring Senapati lir kilang ||
26. Dhandhanggula
[Sénapati Ingalaga angsal wawarah bilih ing tembé, Sénapati Ingalaga lan saturun-turunipun badhé jumeneng nata ing Mataram. Sénapati Ingalaga mlebet segara Kidul.[79]]
1. kang mantri bêksa kagiri-giri | abêk[80] karang abêk gèri[81] gadha |[82] tan manah ing tulungane | malah kalakung purun | rêbah biting pan tibèng dhacin | mantri dire arèsa |[83] sêdhênge gul-agul | tan wruh ing ari sinaga[84] | karatala lir kapuk salămba sigih | ngibêrakên ing tawang ||
2. kadi rupa alap-alap sami |
--- [f. 127r] ---
tiningalan pan katon saalab | tan antara mudhun age | pan sinăngga ing gundhul | pan tinundha sinăngga gigir | rame dènnya bêbêksan | ana umbul watu | ana nyudhang lêsung ika | tinitihan jalma akèh kadi titir | lir palya nèng sêgara ||
3. kang kalaganjur binasan kêris | myang landheyan lawan bêksa panah | ana ikang bêksa tamèng | ingumbulakên muluk | pan tinundha sinăngga gigir | myang tinadhahan dhadha | ing pupu atêguh | lawan tinadhahan netra | amrang lêngên ana urêk netranèki | pupu têguh tinatah ||
4. tandangira alyir banthèng kanin | para tantang lawan para campah | landheyan ingugêr age | waosira sinêpuh | duk dinadêl[85] tan kêna lungit | sasat wayang-wayangan | pan ilap tan tuhu | cinane ayun lêmbaka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining jalma ||
5. mantri esya pan kagiri-giri | mapan ulun ajanana aprang | wong Mataram sakêbake | wadyanira pan purun | yadyan musuhêna rama ji | yèn kita ajanana | ulun datan takut | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ulun tan gisir | saking sihnya rumêksa ||
6. tat kayar ing ranga uni-uni |[86] kapaguhan mantri pamajêgan | rèhakên bulupêktine [bu...]
--- [f. 127v] ---
[...lupêktine] | kapangguh ta ing ênu | nênggih tita tan agêsêngi[87] | kaprayogan anênga | kita tan kapangguh | adipati kang tinatah | saliring rat ing pamajêgan pan uni | dening tapaning tahan ||
7. pan sakèhing bulupêkti sami | sampun kasrah marang ki patikbra | tan ana ing sadoane |[88] Mataram ratu agung | pan nêgara ing têpis wiring | sami seba sadaya | maring sang aprabu | dèn kita lumampah jaga | mangke iki ikang yoga anampani | kang sinêmbah ngalaga ||
8. kunêng ulun iki arsa êning | dukanira sang nata ing Pajang | piyandêl dalêm agêdhe | karsanira sang prabu | sakathahe wus anèng kami | lamun sira akarsa | jumênêng tumênggung | kang maksih ligih walulang | miwah menda kang karsa aligih lampit | mapan isun winênang ||
9. nulya aluwaran Senapati | sakathahe mantri Pamajêgan | kabèh mulih ing pondhoke | sa yyang surya mèh surup | Senapati kesah sira glis | ingiring wong lêlima | ing pura jinujug | ana watu kumalasa | kaparnata naga tita kaprayogi | wau mênga dèn egah[89] ||
10. Senapati lir anugang èsthi | kapya usung[90] sela lawan gajah | pandhan rakang[91] ing têpine | lir palana [pa...]
--- [f. 128r] ---
[...lana] dinulu | pandhan ika rêmu aputih | minăngka gadhingira | katustha ing banyu | Senapati apan wus srêh |[92] nulya guling luhuring gêgilang adi | tan ana kang pracaya ||
11. kocapa Kyai Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | ing wayah têngah dalune | datan kêna aturu | nulya kesah dhatêng jro puri | kandhêg jawining lawang | ngandika Ki Juru | hèh jalma kang tugu lawang | sutèng ulun Senapati ana ligih | umatur ulun seba ||
12. punang regol nulya matur angling | Kyai Juru wau sutanira | ămba tan wikan parane | sawusipun anginum | lawan sagunging para mantri | pamajêgan punika | sampun sami mantuk | saukure mantrinira | sarêng surup yyang kara căndra gumanti | wulan sêdhêng purnama ||
13. Kyai Juru widadya ing wadi | mapan wikan parane kang putra | apan dèn susul ciptane | wayahe lisir[93] dalu | pan tumanduk lir kilat thathit | sakêdhap nuli prapta | ing pura jinujug | nulya sarêng kapaguhan | Kyai Juru Senapati pan aguling | mugèng sela gêgilang ||
14. Kyai Juru Amartani angling | dipun gugah Senapati ika | atangia [atang...]
--- [f. 128v] ---
[...ia] dipun age | apa ana ing luhur | gènnya guling katbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | amulat tumuli mojar | apa sira mancarong ing luhur mami | satuwuk dèrèng wikan ||
15. witang[94] ika sigra dènnya angling | wruhanira jênêng isun witang | awêwarah sira age | dene sira anêkung | asêmadi samada[95] êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | uwus sêdhêng marènana | ge muliha kang sira sêdya wus kêni | subrata mati raga ||
16. mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dadya sêkti pukulun | para ratu ing nusa Jawi | kalah duta sadaya | prasamya anungkul | tumêka ing sutanira | miwah putu jumênêng Ratu Matawis | Jawa tanpa sisihan ||
17. buyutira jumênêng nrêpati | ing Mataram suka myang wibawa | sugih êmas sêlakane | salaka picisipun | amêkasi dadi nrêpati | nagranira sadaya | myang lintang kumukus | grahana sasi myang surya | gugur gunung udan awu myang karikil | prabawane nêgara ||
18. nulya witang sirna mring wiyati | dèn sumili
--- [f. 129r] ---
Senapati ika | baya prapta ing wadine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut jumênêng nata | Ratu Jawa nungkul | ulun dilah Ratu Jawa | pan sumili jênêngira rama aji | sultan ing Pajang sirna ||
19. Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati Ingalaga | aja ujub myang riyane | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | bejang têka saksana | sira manggih musuh | satêngahirèng payudan | kaya priye ujar witang iku kaki | kaya payo pagiha ||
20. kadipundi rèhira ngandêl ing | ujar witang pan dudu manusya | ewuh sira kêl ilate |[96] nora kêna ginugu | lamun sira ta dèn cidrani | pae padha manusya | pasthi yèn katêmu | dening samya-samya jalma | rèh supêna jasad arane puniki | wênang dudu lan iya ||
21. risaksana yèn prapta ing jurit | nora wurung ulun lawan kita | kapanggih ing payudane | kala mênange iku | pasthi kita kalawan mami | kalakona ayuda | yaktia pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn kalah sira ajurit | pasthi dadi boyongan ||
22. Senapati sandeya ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Ki Juru Martani age | Senapati sumaur | kadipundi [kadi...]
--- [f. 129v] ---
[...pundi] rèh kita iki | ulun kang parerehan | sakarsane anut | ing saparipolah kita | ulun mapan dadia ulun sawiji | cara sarêm sarêmbat ||
23. Kyai Juru Amartani angling | yèn sêmbada lawan pêkênira | ana ujaring dalile | lah Pangeran Kang Agung | gampangêna ulun puniki | sakèhe kang sinêdya | kang angèl puniku | dhasare anêru brăngta | anjarsari[97] ikang dèn pêlêng Yyang Widi | lah nêdha linakonan ||
24. ulun mugah ing gunung Marapi | pêkênira mringa jro sagara | têdhanên ing Alah age | nyatakêna ing kayun | ing gampange maring Yyang Widi | lah nêdha sarêng mintar | karya pan tumanduk | Senapati Ingalaga | ngetan bênêr manjing wana nuli prapti | ambyur ing Kali Upak ||
25. langi[98] bathang angèli ing kali | ana alor[99] agêng tan tumama | Si Tugulyulung[100] arane | yèn jalmaa amuwus | baya mangke ulun puniki | panggih lan gustiniwang | anulya sinambut | anitiha gigir iwang | ulun naur kabêcikan ing uni |[101] lumampah karya tuwan ||
26. alor ika purwane ing nguni | tatkalane Senapati ika | acangkrama sawangane | kali samya kinêbur | kinarakad jênbat lan cuwik |[102] eco kalawan pêcak | wuwu
--- [f. 130r] ---
sèsèr susug | saliring mina pan kêna | ana alor kang ana dhasaring bumi | kagiri-giri gêngnya ||
27. kasêktène mêsat datan kêni | wong Mataram makya parêbutan | anyêkêling[103] ing alore | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | alor didya[104] ênu | sigra sira binusanan | ajamang mas kêkalungnya bata wêning | pan kancana kinarya ||
28. nulya sira nguculakên malih | winastanan alore punika | Si Tugulyulung namane | matanira mawêlu | lir baskara ujyala sasi | lamun tinon ing toya | pangagenya murub | lir palya kancana ngambar | saparane kotbuta ikang ningali | alor iku nalendra ||
29. Senapati angèli ing kali | mapan kandhêg anèng ing sawangan | ngadêg samodra pigire | ambak[105] sagara kidul | tri gumuruh kang giri-giri | gurnita kadi gêlap | gêdhene sagunung | tan owah ing warnanira | sabdanya was Senapati masu kapti | tan ana kasikaban[106] ||
30. Senapati tarkanira êni[107] | malêbua sajroning samodra | nyata owah ing awane | Senapati manêngkung | umung ngasês[108] bayu badra si | sira mring akèh sêmpal | ikang punang kayu | pan agêng ikang prabawa | sagaranya gumatêr[109] [gu...]
--- [f. 130v] ---
[...matêr] awêdi gêni | panas lir raditya gilap |[110]|
31. sagunging mina sêgara nênggih | samya katêmpuh ing gara-gara | mina sagunung gêdhene | mina akèh kumubu[111] | padha gêsêng ana ing kisik | buntak lawan balanak | ing parang kabêntus | malêtuk kutuk sumirat | saking tutuk ludiranya adrês mijil | tiningalan kotbuta ||
32. mina pêsut myang lêburan kikin | gajah mina upama prawata | kagiri-giri gêdhene | padha malêbèng apu | ing samodra toya lir api | pêjah mina sadaya | nênggih mawanipun | ya ta sakèhing wuyutan | padha gêla sigêgên saking pratiwi | sudira tan darana ||
33. gurnitanya pan kagiri-giri | toya migah ngigiling prawata | gumuruh awor minane | kagyat kanggêg Ni Kidul | masilare kathila manik | sigra migu[112] marêga |[113] dènira aluguh | dening naga kang malaya | matuanan atakut sira ningali |[114] tasik migah prawata ||
34. Nyai Kidul sigra dènnya angling | salawase ulun dèrèng mulat | gara-gara kang mêngkene | dening kalintang agung | lir kinêbur sagara bahning | mina akathah pêjah | apa bawanipun | pan darbenira sadaya | apan anut sakarsanira puniki | jim lawan parayangan ||
35. parayangan balanira êjim | ngalahakên musuhira aprang | tuwan dadi [da...]
--- [f. 131r] ---
[...di] ratu gêdhe | bapa babuning ratu | nanging tuwan ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêping manahipun | amirsakên aturira | Nyai Kidul anêrka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisihan ||
36. Senapati Ngalaga ningali | têtamanan balene kancana | ing nguni ika purwane | bale ikang rinêbut | dening Gathotkaca ajurit | ana ing awang-awang | bale iku runtuh | tumiba maring samodra |[115] gih puniku kang tinugu dening nyai | saba ujyalèng pura ||
37. ataruka palya kang kinardi | sinaberan[116] manit mutyahara |[117] căndrakasta lèn marjane | widuri pagêripun | ramya ikang rêngganing puri | têpis wiring pranenya | lir kancana murub | mugèng ing langit punika | yèn minulat dening ta ulane manik | abyor itên kumala ||
38. gapuranya agêng tur aigil | pucaknya mancinawi sêsotya | itên abra ujalane | sor baskara akucup | ujalanya akucêm maring | mulya lagêng raina | endah sotya murub | kinubêngan pêpêthetan | apan asri akathah lamun winarni | ibra puspita mêkar ||
39. witing kayu kancana winarni | gadhong sutra pangira salaka | barêng kêmbang lawan wohe | warnane wiji iku | patang puluh warnanya asri | noring kayu kancana | anijèni kayu | lêligihe parayangan | warnanira upama lir widadari [wida...]
--- [f. 131v] ---
[...dari] | lir pedah ing kasyargan ||
40. ikang kayu witing kayu siji | ana nyadham lan kamaropokan | ana pisah ing uwite | dèn warnanên kang runtuh | upamane lir lintang ngalih | sarinya alyir căndra | upamane mêndhung | kinubêngan ing bangawan | tur kèhe kang dhingin bangawan warih |[118] pindho bangawan puhan ||
41. kawarnaa kang sami aligih | akalihan anèng dalêm pura | ikang kinawi warnane | wau Nyai Ra Kidul | kadi widadari ing syargi | asor Dèwi Supraba | yèn upaminipun | parêkanipun kewala | yakti asor warnane kang widadari | ayu parêkanira ||
42. lawan cinatur ing kawi malih | Nyai Kidul ayu tan utama | salin ping pitu warnane | atêrkadhang yèn sêpuh | yèn sêpuh yèn sadhawuh amindha sasi |[119] kadhang yèn lisir wetan | warnane dinulu | kadi kusuma Ngurawan | lamun bêdhog amindha kusuma Ratih | ratu ayu ing syarga ||
43. lawan malih radidya asêkti | panjênêngan ratu jim wanodya | sagara kidul kuthane | ngêndi kang ora têluk | yèn lêlêmbut ing nusa Jawi | ratunipun aseba | mring sagara kidul | sami anungkul sadaya | sabên taun asrahakên bulupêkti | dhatêng kusuma rara ||
44. Ratu Lodaya sami anangkil | Ratu Gumara rêke aseba | nrahakên bulupêktine | Ratu Kuwu Baladhug | kabèh [ka...]
--- [f. 132r] ---
[...bèh] lamun sami anangkil | Tayu Landheyan seba | miwah Gunung Agung | ing Kangayangan aseba | Waringing Wak[120] miwah ta ratuning Paning | sabên taun aseba ||
45. Senapati cêngêng aningali | ing warnane ta kusuma rara | dadya micarèng driyane | tuhu ayu pinujul | sun watara rêtnaning puri | kaya nora pasaja[121] | tindak-tandukipun | tanapi yèn angandika | asung brăngta karya sumêlanging ati | kaduk raga kêrana ||
46. alir kilat abarung lan thathit | têmpuhing liring jalu wanodya | mênggah yèn dede jinise | nanging Nyai Ra Kidul | ana uga rasaning ati | Senapati Ngalaga | dinuk ing pandulu | liringe lir guladrawa | pasêmone kusuma agarit ati | kaya yèn kagiwanga ||
47. isun iki ratu ayu sigih | arsa wikan pasareyanira | apa ta baya rupane | rêtna ayu umatur | bok priyogi kula ngaturi | darma têngga kewala | ing sawarninipun | punika kagêngan tuwan | nulya wau sira Ki Senapati |[122] kinanthi mring paprêman ||
27. Kinanthi
[Sénapati Ingalaga pinanggih ratu Kidul.[123]]
1. kinanthi ing lampahipun | ya ta wau Senapati | dhumatêng ratu kusuma | prapta dalêm sampun ligih | Nyai Rara Kidul ika | kalawan Ki Senapati ||
2. kang kacipta manahipun | warnane dyah ayu luwih | ikang asung liring brăngta | Senapati Ingalagi | su rêmpu ing manahira | arum wijilira [wiji...]
--- [f. 132v] ---
[...lira] angling ||
3. Senapati wuwusipun | kalintang angasih-asih | amrih wêdhare kang karsa | paran polahku Sang Ratih | upami pisah lan sira | yèn nora para tambani ||
4. ing karsane manah isun | arsa mulih mring Matawis | lah agèr têka tulusa | ayya brăngta wuyung mami | mas ratu marang ing sira | sihira sun têdha gusti ||
5. krana lêstariya isun | gusti mulih mring Matawis | yya sumêlang mirah sira | priye ta tambane gusti | jênthike Ni Kidul sigra | dun[124] cinêkêl Senapati ||
6. arêrêpa Nyai Kidul | sampun gusti sampun gusti | kadêr ta arsa punapa | gumampang nêkêl dariji | dening ta daya gêlêma | Senapati lingnya manis ||
7. kadukan tampi mas ratu | lêlèpène sun tingali | angling sang kusuma rara | yèn têmên dika ningali | apan saking katêbihan | yaktine kadulu iki ||
8. dalahane uga iku | kang pinrih èsême ugi | iya ikang tiningalan | mila ta mêngkono ugi | Nyai Kidul aturira | mring Senapati awingit ||
9. dèrèng usum atur isun | pan kawula andhingini | dhatêng kamuktèn punika | tuwan badhe ratu luwih | kang mênghku[125] ing nusa Jawa | yèn darbe karsa ing benjing ||
10. dèn aris igih karuwun | sarira sapa darbèni | lah punika gih sampeyan | panduka ujuk kariyin | punang pambrama kawula | pan sawarnine kang kupi ||
--- [f. 133r] ---
11. gêdhah ijo ikang satu | gêdhah rêtna kang satugil | gêdhah seta lawan jênar | upase brêm tampuh iki | arak agur[126] lan wêragang | lir madu măngsa amanis ||
12. kocak-kocak yèn dinulu | sadaya sami amawi | sotya sêgahipun uga | sakawan kang punang kupi | katur mring Ki Senapatya | mung sawêrat lawan nyai ||
13. tugal amor asmara kung | pan winêjang ngèlmunèki | masalah dadi narendra | kang kèdhêp manusa êjim | miwah ikang parayangan | jajane pan atut sigih ||
14. Senapati mêsat gupuh | wau ta saking ing tasik | nulya amigah sêmana | dhumatêng Parangtaritis | sang pandhita pan kapêdhak | pitêkur suhunan adi ||
15. sor Parangtaritis banyu | Senapati mangsah aglis | cundhuk lawan sang pandhita | sigra nêmbah ngusap sikil | bukuh malagye marêpa | amukyang tumukul nênggih ||
16. nrahkên pêjah gêsangipun | tiningalan de sang yakti | agya dènira ngandika | Senapati ing Matawis | yya ngandêlakên yèn rosa | têguh digdayane sêkti ||
17. atumamèng sagara gung | kadya ngambah dharat sitih[127] | pan aja ujub ariya | wong kibir wartane ugi | tan wênang yèn lampahêna | iya ikang wali mukmin ||
18. ngadèkkên pangabêktinipun |[128] amor gusti kawulèki | lan sira ja kaya kasa | ngandêlkên jêmbar wiyarnèki |[129] mung puniku [puni...]
--- [f. 133v] ---
[...ku] digdayanya | miwah sagara gung ugi ||
19. ngandêlakên jêmbaripun | tasik lan jron jagat sigih | gurnita kang alun ika | sagunung anak gêngnèki | pan gumuruh syaranira | mung iku dayanya jladri ||
20. yèn sira ayun atulus | gènira jumênêng aji | ngagea sokur lan rêna | ênêng lan ênênge sigih | pasthi dadi ratu sira | Mataram gènira ligih ||
21. sakèh Ratu Jawa nukul | aseba marang Mêtawis | srah bulupêkti mring sira | ing asabên-sabên warsi | lah payo sira muliha | iya age mring Matawis ||
22. lan arsampir wismamu |[130] anulya lumampah aglis | Sunan Adilangu ika | Senapati Nglaga ngiring | lampahira alyir kilat | sakêdhap rawuh sang yêkti ||
23. sang pandhita ngandika rum | wismanya tan pagêr jawi | kang kêbo sapi dèn umbar | ngagea dum lawan milih | dèn apatut lan agama | lawan drigamaning rèki ||
24. istiyarnya dipun agung | ngagea sundang Yyang Widi | sabarang ing polahira | ngage sokur rêna Widi | karane dipun prayitna | solah mona lawan muni ||
25. pracinane dadi ratu | dyan nyandhak mandêlêm cinangking |[131] ya ta isi punang toya | sang pandhita pan lumaris | akarya watês dalêmnya | toya mandêlêm ngancuri ||
26. sarwi dhikir lampahipun | sadaya dipun ubêngi | marang wau sang pandhita | turutên iki ta benjing | bêbataa wong sadhomas | sawadya nêmbanga mijil ||
28. Mijil
[Sultan Pajang ngutus radèn Benawa dhateng Mataram.[132]]
1. ênêngêna gêntia kawarni | Sultan Pajang
--- [f. 134r] ---
miyos | pan sineba ing sitiluhure | jêng sultan mugèng ing kathil manik | bra ujalanèki | alêlèmèk babut ||
2. wadya angagêm badhama ngapit | mantri Pajang ambyor | pêpêk para putra sêntanandhèr | samya seba matur mring sang aji | ulun mirsa warti | sutèng ing sang prabu ||
3. Senapati kang watên Matawis | arsa balik yêktos | tiyang dhomas anyithak banone | karya kitha bacingah rah kardi | mangke ikang warti | jrokkên larènipun ||
4. Sultan Pajang sigra dènnya ngling |[133] sun kakon nak ingong | Adipati Bênawa sira ge | lumakua sira dipun aglis | kanthinira ugi | lawan si tumênggung ||
5. ipenira ing Tuban Dipati | mringa Mataram non | ucapêna kakangira mangke | Senapati Ngalaga Matawis | têmêne ta ugi | lawan noranipun ||
6. tri kang duta nêmbah sigra amit | nulya lèsèr kinon | sampun budhal sigra ing lampahe | pun pangalasan lan sèwu mantri | Pajang dadya têlik | tugal mitra guru ||
7. myang Sang Senapati Ingalagi | tinutakên mangko | mring Mataram pan aglis praptane | sigra wau pan sampun pêpanggih | duta Senapati | awêwarah gupuh ||
8. Senapati pan ulun puniki | kinon rama katong | awêwarah ing tapa wartane | Sultan Pajang nênggih ditên benjing | duta ikang prapti | Pangran Bênawèku ||
9. lawan ki tumênggung măncanagri | lawan mantu kinon | adipati ing
--- [f. 134v] ---
Tuban rowange | padha prawirèng tapa pan katri | Senapati aglis | mapag Lawangrandhu ||
10. sêntanane damêl dhomas ngiring | akumpul punang wong | têkèng kadang padha ngiring kabèh | gajah jaran sawadya Matawis | kêrig bala alit | samya bêkta suguh ||
11. wong Mataram kêrig dhudha santri | Randhulawang kang wong | Adipati Bênawa prapta ge | Ngrandhulawang mapag Senapati | katingal nuruni | dyan sira kapangguh ||
12. Adipati Bênawa ngabêkti | dyan rinangkul alon | adhuh sanak isun iya kiye | kawula kakang kangên kapati | lami tan apanggih | jêngandika ulun ||
13. Senapati Ingalaga angling | Bênawa rèningong | anuganga èsthi sira age | dika nèng luhur dipăngga ugi | dyan sarêng ngigahi[134] | ing palana sampun ||
14. panakawan Astranaya nênggih | wadya Pajang kaot | ya ta bocèng[135] ing luhur èsthine | sarwi ngucap sajronirèng ati | bok ana ajurit | ngigil liman agung ||
15. ulun matia sarêng lan gusti | têtakining reko | dipun pênthêti ya palanane | maring pangot cêcebolan nênggih | iku purwanèki | wadya ing Matarum ||
16. yèn aseba datan kêna kari | cêcebolan pangot | tarkanira Ki Astranayane | karanipun sun pêthêti iki | aling-aling tali | arsa bêdhah pukur ||
17. agampanga ing pamiyak kami | gèn isun agoco | pan sarênga ing ulun ngamuke [ngamu...]
--- [f. 135r] ---
[...ke] | lamun ana saluhuring èsthi | jrune Senapati | Malik nugang sampun ||
18. tarkanira ujare Ki Malik | karana wak ingong | sarêng nugang liman gulungayune |[136] sarêng ulun ngamuk pêjah urip | madhêp palana glis | akuse dèn sikur[137] ||
19. dulu gustinira Senapati | wau pan kararon | lan kang rayi ajajar ligihe | Adipati Bênawa anênggih | ya ta nêbda angling | alyir madu juruh ||
29. Dhandhanggula
[Sultan Pajang séda, dipati Demak ingkang gentosi jumeneng nata wonten ing Pajang. Radèn Benawa jumeneng adipati wonten ing Jipang.[138]]
1. Dipati Bênawa lingira aris |[139] kakang Senapati Ingalaga | kawula igih kinèkèn | dening sultan sang ulun | jêngandika kapirsa nênggih | de rama jêngandika | akarsa amusuh | ing ramanira jêng sultan | igih nyata punapa batêna yêkti | ulun nêdha jinarwan ||
2. Senapati aris anauri | măngsa barong kang matur mring sultan | ratu pan têrus tingale | tarkaning tyasing ulun | datan samar sultan mring kami | saparipolah iwang | barkate sang prabu | kagêngan dalêm Mataram | pan tinarka yèn ulun kang adarbèni | mapan kagungan sultan ||
3. ulun nênggih ngaturkên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mataram | jêngandika pan gustine | yèn suwawi pukulun | tumanduka dhatêng Matawis | mapan nêgari tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | tampo arak wêragang ||
4. Adipati Bênawa sira
--- [f. 135v] ---
ngling | hèh tumênggung amăncanêgara | nyata linyok ing wartane | bakite[140] ikang matur | maring rama sultan ing nguni | yaktine iki ora | ujare amusuh | sun pitaya wêling kakang | ing bêcike kalawan wadya Matawis | dadi cina amrata ||
5. Ki Dipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumanduk ing jro purane | rawuh nulya aluguh | pinarak ing wadya Matawis | andhèr bala ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm myang waragang | Senapati agêpah dènnya anglarih | galaganjur tinêmbang ||
6. adipati ing Tuban sigra ngling | kangkang[141] Senapati Ingalaga | ulun midhangêt wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa[142] rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||
7. Senapati Ngalaga nauri | abdi dalêm Mataram abêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang sudhuk | mung sêkul ulam lumampah | papah gêdhang tan wèntên[143] tinigas pacing | buntare sinêmpugan ||
8. adipati gumujêng sarya ngling | bontên nusul têtiyang ing Tuban | wong Mataram digdayane | yèn abêksa anginum [anginu...]
--- [f. 136r] ---
[...m] | wong ing Tuban yèn bêksa lêmbing | têmên ikang kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan aganti ing wong alêmbing-linêmbing | wus wantune wong Tuban ||
9. atanapi yèn abêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ikang minăngka sodore | abêbêksan anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah paran mangke andika ayoni | wong Tuban abêbêksan ||
10. Senapati Ingalaga angling | têtiyang dalêm sigih Mataram | sami awidhung tangkêpe | lagya sami sinau | dèrèng watên ikang rêspati | wantune tiyang desa | yèn bêksa anginum | sami gagak awurahan | mung cangkême gumêdêr abaribini[144] | abêksa tan tiyasa ||
11. Adipati Tuban ngandika ris | ulun darbe wadyanira Tuban | awagêd abêksa tamèng | pitung nagara pujul | nanging wadyanira ing Tubin | wisaya lan prayitna | datan ana musuh | wong pitung nêgara kalah | de wong siji igih wadyanira Tubin | ulun mapan sumăngga ||
12. Senapati anauri aris | mendahane têtiyang andika | mulat mring wong bêksa tamèng | ikang wagêd pinujul | ngalahakên pitung nêgari | mendahe [me...]
--- [f. 136v] ---
[...ndahe] dening egar | arêmên adulu | satuwuke dèrèng mulat | wong digdaya amirsa lagya ing mangkin | dene jênêking mudha ||
13. Adipati Tuban sigra angling | hèh wong Tuban dudu lanang sira | abêksaa sira tamèng | mumpung lagi awuru | gêlarira dipun angênting | nulya wadya tumandang | abêbêksan iku | tawok tamèng pan cinandhak | ngumbulakên malêpas marang wiyati | pan tinadhahan jaja ||
14. aramya ikang sêdhênging rèki | abêbêksan gamêlan gurnita | awor lan surak wadyane | lir ombak sagara gung | Radèn Răngga sutanya rèki | Senapati Ngalaga | nênggih kang asêpuh | anjawil dhatêng kang rama | nulya kagyat Senapati ing Matawis | sinêntak mring kang rama ||
15. adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | punapa dadi dukane | ulun pirsa asêru | kadi rare dene nêmêni | punapa purwanira | dukanira asru | Senapati saurira | pêcêl alit pun Răngga paksa gumakit[145] | sura niru bêbêksan ||
16. angladèni bêksane wong Tubin | kamawawa kaya wong kang bisa | lumancang pêksa angêne | dening wong mudha pugung | cumanthaka pêksa kumawi | dadi gawe paguyyan | awêkasanipun | batên layak tiningalan | pan tandange ing pêcêl kawula [ka...]
--- [f. 137r] ---
[...wula] alit | mudha timur dêdama ||
17. Adipati Tuban nulya angling | anak isun Ki Răngga ta aja | bêksane wong Tuban tamèng | bêksane pan wus gambuh | nora layak sira ladèni | maksih alit ta sira | gurua karuwun | lênghêng[146] totonên kewala | ya tirunên bêksane wong Tuban luwih | Mataram nora nana ||
18. adipati ing Tuban ningali | maring Răngga Radèn ing Mataram | tansah anjawil ramane | pisan pindho ping têlu | pan dinukan mring Senapati | Radèn Răngga amêksa | padha sira dulu | rowangira lêligihan | Senapati Ingalaga ngrasa isin | pinothah mring kang putra ||
19. asru mojar Adipati Tubin | kakang Senapati Ingalaga | lah konên maju dèn age | awlas ingsun andulu | putranira kita umbangi | lah iya bêbêksana | padha sêsinau | hèh wong Tuban sutaniwang | Radèn Răngga poma aja kalawani | rewangên bêksa kêmbang ||
20. hèh wong Tuban poma sira iki | ladènana Radèn Răngga bêksang[147] | malah wurukên tikahe | sira sun tugêl iku | jangganira sun tigas ugi | têka anêmênana | marang anak isun | ngong juwing sawalang-walang | kulitira sun sèsèt sun panjêr mangkin | anèng nagri Mataram ||
21. kakang Senapati ing Matawis | putranira
--- [f. 137v] ---
Radèn Răngga ika | mali-mali ulun akèn | tan mangkat dening takut | marang kita sutaning rèki | lah atagên dèn agya | Radèn Răngga iku | karannya tutug asuka | bêbêksane wiyahe wong anom pêkik | kudu bara penginan ||
22. Senapati Ngalaga sigra ngling | sutanisun Radèn Răngga iya | lah miyanga dipun age | tamèng tawok pinundhut | pan gatong pat tamèng sawiji | waja ikang kinarya | kotbuta dinulu | gatong kalih tawokira | sarêng mimba kagyat Adipati Tubin | satuwuk dèrèng mulat ||
23. tan kumêdhèp dènira ningali | pan malongo cangkême punika | angucap sajro nalane | nora layak puniku | gêgamane manusa iki | tan ana tanah Jawa | wong kadya puniku | anulya sira tumandang | Radèn Răngga tamèng tawok dèn agêmi | ngumbulakên mring wiyat ||
24. tawokira mibêr kadi pêksi | alap-alap katonnya sing ngandhap | anulya sangêt udhune | pan tinadhahan pupu | myang tinundha ing dhadha mangkin | murub kang tamèng waja | sanjata pan lumur | mantri Pajang padha cingak | adipati ing Tuban langkung aisin | asor wong Tuban bêksa ||
25. adipati ing Tuban sigra ngling | hèh wong Tuban bêksa têmênana | gêlarira dipun êntèng | karo pan samya têguh | pan pracaya ulun ningali | karo padha digdaya | wong Tuban anuduk | dening sampun kinêjepan |
--- [f. 138r] ---
dening gustinira dipati ing Tubin | bêksa ênting gêlarnya ||
26. Radèn Răngga sinuduk tan gisir | ngiwa nêngên tawok tan tumama | lir lalêr mecok[148] rasane | panudukira luput | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | cinane ayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining jalma ||
27. Radèn Răngga datan amalêsi | maksih eca gènira abêksa | angêntèkakên polahe | Dipati Tuban muwus | Radèn Răngga malêsa aglis | sira nyata digdaya | karo padha têguh | ing ulun sampun pracaya | pira bêtah para tan malês puniki | rêmêk sasananira ||
28. kinèn malês sapisan ping kalih | tri tan miyang sira Radèn Răngga | maksih eca bêksa tamèng | Dipati Tuban muwus | kakang Senapati Matawis | Radèn Răngga punika | ulun atag sampun | amalêsa mring wong Tuban | datan arsa yèn dudu kita ngabani | lah konên amalêsa ||
29. Senapati Ingalaga angling | sutèng ulun Dyan Răngga bêksaa | pan kinèn maring gustine | Radèn Răngga anuwun | nulya sèlèh sênjata aglis | tumandang karo tangan | pinapag anêmpuh | wong Tuban pan tinabokan | kapisanan mukane lir dèn sèsèti | kulit katut ing tangan ||
30. mantri Pajang gègèr aningali |
--- [f. 138v] ---
prawirèng tama Rahadèn Răngga | lalos mantri mulih kabèh | prapta ing Pajang sampun | masah panggih lawan sang aji | manêmbah awotsêkar | tur sarwi tumukul | Pangeran Bênawa ngrêpa | paluguhe tumukul wêdi nrêpati | Risang Sutawijaya ||
31. Adipati Bênawa sigra ngling | sampun ulun prapta ing Mataram | amaspadakkên tikahe | Senapati puniku | datan watên tilase balik | malah ulun pinapag | Ngrandhulawang suguh | sawatênirèng Mataram | pan sinuga-suga[149] ulun ing bukti |[150] têlas pala[151] Mataram ||
32. sakathahe sikêp ing Matawis | gajah jara[152] lawan wadyanira | jalu kalawan èstrine | sumăngga marang ulun | miwah wana isinya ênting | banthèng lawan manjangan | kinarya sêsuguh | miwah ulam jroning toya | pan sêsugun manahe marang ing kami | aglar anèng Mataram ||
33. salamine watên ing Matawis | ulun iki anginum amangan | raina nutug latrine | ginulawêthah[153] ulun | lawan suta samine iki | mapan kênèng bêdhaya | kinarya sêsuguh | yèn ulun kala anendra | para rabi sumandhing sami ngêpêti kami |[154] tan mambu pasanakan ||
34. pun tumênggung amacanêgari[155] | sigra matur nuhun Sultan Pajang | igih tuhu pambalike | suta pukulun iku | Senapati Ngalaga mangkin | sagêd akarya gêlar | wong agung asêmu |
--- [f. 139r] ---
Adipati Tuban mojar | hèh sang nata tuhu kakang Senapati | ambalihk[156] ing karsanya ||
35. ing tarkane tyasing kawulèki | kakang Senapati Ingalaga | yèn papagên ing jurite | dêdamêl Pajang sèwu | sinarênga mara puniki | pasthi norana măngga | widigda atêguh | Senapati pan sanunggal | widigdane luwih saking wong sanagring[157] | tanpa siri[158] rat Jawa ||
36. Sultan Pajang kèmêngan ing ati | amiyarsa aturing pugawa | myang tênaya lan mantune | anêrka lamun nêmpuh | saksanane prana ring jurit | Sultan Pajang gya mojar | marang ki tumênggung | sira mantrinisun lawas | tur atuwa măngsa goroha mring kami | sakèhe aturira ||
37. Ki Dipati Bênawa puniki | mapan wode ing nala manira | anak lanang siji rêke | saature sun gugu | măngsa iki garoh ing kami | măngsa iki ngrusaka | ing nagaranisun | dadi ewuh tampaniwang | apan karo tan sun gugu iku mangkin | pan sun pikir ujarnya ||
38. sun tuture Senapati nguni | kala bocah dadi panakawan | ing raina ulun sare | Senapati atugu | anèng dagan isun aguling | ana karsaning Sukma | ula prapta agung | karsa nrêrajang maringwang | Senapati atangginas anyêkêli | ula pan kapisanan ||
39. wusing kono isun acangkrami | maring wana ing rame sêmana | agêrit [a...]
--- [f. 139v] ---
[...gêrit] sasam lan banthèng | Senapati pan milu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri samya kapisah | kalawan katèngsun | agiring banthèng lan sasam | pan katukul sêmana isun agêrit | kalawan grahaniwang ||
40. wis mangkono ana banthèng kanin | nulya ngamuk datan ana mapag | nêrajang pagêritane | Senapati anêmpuh | sungunira pan siji sisih | cinêkêlan ing tangan | pokah punang sungu | banthèng mati kapisanan | iya iku digdayane Senapati | risêdhêng lagi bocah ||
41. mêngko iki saya wuwuh sêkti | pan atuwa waspada wêweka | widadya ing sasmitane | amiyanakkên èsmu | apan ulun wêruh ing wangsit | sakarsanira mothah | mapan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lir kaya gèn sun yoga ||
42. datatita lingira ing nguni | kang kocapa pun Tumênggung Mayang | kang èstri ika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang pan mantri- | nira sultan ing Pajang | pan olih bêbêndu | dosane kala sêmana | putranira anyaragoh ikang putri | aran Radèn Pabelan ||
43. sasampune pinêjahan puri | Sultan Pajang sira amiyarsa | ing warta yèn bapakane | ginawe pasang iku | Sultan Pajang grahitèng ati | polahe Tumênggung Mayang [Ma...]
--- [f. 140r] ---
[...yang] |[159] sultan lakung bêndu | winade dhatêng Sêmarang | mantri Pajang sèwu ikang angiring |[160] mangkat maring Sêmarang ||
44. Ki Tumênggung Mayang ikang èstri | dinutakkên ginawan nuwala | marang ing Mataram age | prapta Mataram sampun | nulya masuk mring kênyapuri | Senapati kêpadhak[161] | nulya ngaras suku | sarwi ngaturakên layang | tinanggapan mring Senapati Matawis | surat nulya winaca ||
45. pèngêt kakang Senapati mami | pan dinukan dhatêng Sultan Pajang | pan kinesahakên age | dinol Sêmarang tèngsun | mantri Pajang ikang angiring | sèwu dêdamêl Pajang | padha sira ngêpung | ulun puniki yèn kêna | adèkêna aja liya prentah kami | nanging andika kakang ||
46. layangira pan sinuwir-suwir | ikang jaja upama têmbaga | abrit tandhane dukane | lathinira kumêdut | mukanira lir raup gêtih | ujalyanira[162] abang | kotbuta dinulu | ujalanira kang netra | kadya api sakèhe ikang ningali | lir surya katujyala ||
47. Senapati angling asmu runtik | hèh samitra mantri pamajêgan | manira jaluk gawene | mantri kang patang puluh | hèh rêbutên sadulur mami | ari Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sagon[163] kapapag | nulya padha sinangonan ikang mantri | majêgan kawan dasa ||
48. darijinya kinêbêkan sami | ing sêsotya kalawan kancana | gêbyar-gêbyar duk ingage | sêsotya [sê...]
--- [f. 140v] ---
[...sotya] mawi kuwung | maka warna lir lintang ngalih | asri yèn tiningalan | arêmên sing dulu | asih sakèhing wanodya | pracinane rêtna widagdèng pawèstri | donya tinohan pêjah ||
49. mantri kawan dasa angabêkti | pan sakèhe ing panyananira | mangkana ing sasmitane | baya mangke anaur | ulun ika dananing gusti | tugêle jangganiwang | nadyan têkèng lampus | panyaur isun pan kurang | pan kawratan danane ing gusti mami | saurên de Yyang Sukma ||
50. nulya mangkat miyos Kêdhu prapti | Jatijajar wong Pajang kapêdhak | kala sêdhang[164] pamondhoke | tan antara ingamuk | mantri Pajang akathah mati | dening wong kawan dasa | wong Pajang kaplayu | Tumênggung Mayang karêbat | sakarine ikang mantri Pajang prapti | matur ing Sultan Pajang ||
51. mantri Pajang matur sarwi nangis | pun Tumênggung Mayang pan rinêbat | ing Jatijajar prênahe | wadya sèwu ingamuk | dening mantrinira Matawis | kathahe kawan dasa | kêkapalanipun | ingamuk ngigiling kuda | wadya Pajang tinigas janggane mati | Tumênggung Mayang kêna ||
52. wadya Pajang sakarine mati | pan lumayu mulih sowang-sowang | ulun pan tiwas ing gawe | wadya Pajang pan takut | datan măngga puliha malih | Sultan Pajang ngandika | pan wus nyata iku | Senapati Ingalaga | pambalike dene amimiti jurit | nêdha amangkata prang ||
53. Sultan Pajang ya ta nitih èsthi | pan ingiring dening wadya Pajang | pêpak mantri sêntanane | lêlayu umbul-umbul | endhe bêdhil kêlêm miranti | tumbak [tumba...]
--- [f. 141r] ---
[...k] putih lan binang | trisula myang ganjur | tawok tamèng lawan panah | pan kumbala tulup suligi myang lêmbing | lir kilat thathit mêdal ||
54. mantri Pajang aabusana adi |[165] bêbadhong mas atapong[166] kancana | kêbak sisim[167] darijine | ajamang mas kêkalung | akulambi sangkêlat abrit | ana kulambi bapang | kinarya baludru | ana maliyo lan sutra | sora-sari sinukèt[168] kancana adi | wanèh kêre gênderan ||
55. warnanira lir prawata sari | alêlayu yèn tinon sira saking mandrawa |[169] Sultan Pajang makuthane | cinawi itên murub | lir baskara wau kang mijil | sa yyang surya kasoran | angujalanipun[170] | kucêm asru luwih marang[171] | ujalanya lirna mapan wus gumanti | ujalaning makutha ||
56. Sultan Pajang age nulya prapti | pasanggrahan anèng Parambanan | anulya baris kubênge | Senapati amêthuk | Randhulawang gènnya abaris | pêpak saglar sapapan | wong dhomas akumpul | mèh surup sa yyang raditya | Arya Jămba pêpitu mantri Matawis | nabuh bêndhe pun Bicak ||
57. Gunung Kidul gènnya amiyosi | tinumpukan kayu pan jinajar | sapambêdhil antarane | sarêng ingabong murub | bêndhenira pun Bicak muni | angakang[172] kadya gêlap | ring kasanganipun | piniyarsa anèng tawang | Sultan Pajang miyarsa pun Bicak muni | tyas kapita gya mojar ||
58. hèh Prawata Kidul sun tingali | dadya gêni unine Ki Bicak [Bi...]
--- [f. 141v] ---
[...cak] | dening ngakang lir sêrune | wong Mataram sun dulu | layak mêtu tan ana iki | syarane tan karênga | kadya langit rubuh | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata munduran amêmêdèni | andika darbe ujar ||
59. ing tarkane atinisun iki | maksih wani yèn adunên aprang | lah kakang Senapatine | wong tamtama puniku | ulun bêkta mapag ajurit | pan widagda arosa | padha têguh-têguh | anyêkêla mapan kêlar | matènana Senapati ing Matawis | wong kawan dasa kêlar ||
60. Sultan Pajang sigra dènnya angling | sutaniwang Adipati Tuban | aja sira wani age | Senapati amusuh | wruhanira wus têkèng jaji | ngalih cahya nurbuwat | Senapati iku | ing tanah Jawa sadaya | pan aseba mring Senapati Matawis | kakangmu dadya dilah ||
61. ênêngêna Sultan Pajang sigih | kang kocapa Senapati ika | Ki Juru Martani age | nulya sira amuwus | hèh Ki Senapati Matawis | kadipundi ing karsa | mapan ora wurung | aprang lawan ramanira | pira dohe ing Upak kari sawêngi |[173] enjang pan sira aprang ||
62. ulun iki luwih dène isin | aningali marang mantri Pajang | yèn têkaa ing yudane | dening bapa lan guru | silih ukih dènira jurit | Senapati gya mojar | kadya ngapa iku | rèhira kang linampahan | ulun anut ing sakarsanira ugi | jarwanana rèhira ||
--- [f. 142r] ---
63. Kyai Juru Amartani angling | yèn sêmbada lawan karsanira | dhingin iku samayane | kalawan Nyai Kidul | uwus sêdhêng mangke tinagih | kêkayang-kêkayangan | Marapi ing gunung | ing nguni pan asêmaya | maring mami yaktine manira tagih | mangke iki dhatênga ||
64. Senapati Ngalaga umiring | nulya ngadêg tumênga ing tawang | ngastokakên[174] ing jajine | kalawan Nyai Kidul | nulya umyus mêsêsing angin | bayu badra nêrajang | sêmpal kayu têmpuh | kapupuh myang kaparapal | urug udan ikang prapta riwis-riwis | cina jim padha prapta ||
65. tan antara surak anèng langit | gurnitane kadya langit bêdhah | kaya gunung rubuh kabèh | prakatha padha umung | tan antara Gunung Marapi | nauri nulya bêngkah | kawah gumalêdhug | udan awu nulya prapta | gugur gunung watu kalawan karikil | lèngsèr ladhu mring Upak ||
66. watu agêng akathah winarni | sarêng ladhu anèng Kali Upak | angèli ngisor parane | padha sira calathu | hèh wong batur kang gêdhe cili | sira iki ngandikan | amapaga musuh | nênggih anèng Parambanan | Sultan Pajang yèku musuhira jurit | sawêngi kalahêna ||
67. Sultan Pajang miwah ikang mantri | kagegeran dening ladhu migah | andhêsêk pasanggrahane | mantri padha lumayu | sowang-sowang arêbut urip | anarka yèn kiyamat | dening wau nêmpuh |
--- [f. 142v] ---
pasanggrahan Parambanan | nora layak watu ladhu aburoni[175] | padha bisa angucap ||
68. Sultan Pajang bala padha ngisis | mapan sirna sakèhing sanjata | binongkok pinikul mulèh | Sultan Pajang gya mundur | ing Giligan[176] dènnya miranti | bacut marang Têmbayat | ing astana ngujung | kunci sinarog[177] tan kêna | Sultan Pajang angujung têka ing jawi | sawuse age mojar ||
69. hèh sang kunci apa karane iki |[178] lawang gêdhong sinarog tan kêna | pun kuci[179] aris ature | pan jênênge sang prabu | tan winênang dening Yyang Widi | tinampik cinanira | dhatêng kang tinugu | wong mati parak ing Sukma | cahyanira nurbuwat sampun angalih | anèng Raja Mataram ||
70. Sultan Pajang kèmêngan ing ati | amiyarsa ature wong tuwa | nulya sira tan asuwe | ana ing bale kêncur | salawase gènira guling | dèrèng kadi punika | nikmate aturu | nulya wungu gènnya nendra | adan mundur sri nalendra nitih èsthi | lumampah tibèng dalan ||
71. Sultan Pajang tandhu dèn titihi | nulya gêrah sarira sadaya | arêmbên ika lampahe | Senapati angrungu | Sultan Pajang yèn manggih agring | anabrang Kali Upak | angetan tumanduk | agawa wong kawan dasa | tarkanira angatêrakên sang aji | bubar baris Mataram ||
72. wadya Pajang miwah para mantri | padha kagyat dènira amulat | Senapati nusul age | untap-untapan ngênu | para putra matur sang aji | Senapati katingal |
--- [f. 143r] ---
anênggih sumusul | bêkta tiyang kawan dasa | wêtarane yèn suwawi lan sang aji | pinapag winangsulan ||
73. Senapati wadyanira kêdhik | mapan sura ulun yèn pêranga | dening wadya ulun akèh | Sultan Pajang amuwus | suta ulun kabèh sirèki | aja sira anarka | sura arsa musuh | mring Senapati Ngalaga | kakangira gêgêntèni sun yèn mati | sanak tuwa sinêmbah ||
74. kakangira Senapati nênggih | ngatêrakên ing ulun punika | dene iku ing marmane | mapan wruh gêrah isun | iya iku cina gumati | adarbe wong atuwa | abêkti maringsun | ing bejang sapukur iwang | yèn sun lalis sira dèn atut ing benjing | kalawan kakangira ||
75. yèn sira tut lawan Senapati | yèn sun lina jênêngira nata | Senapati kang agawe | pan iku gantinisun | marang sira lir yoga mangkin | lamun sira suwala | ing gêgantinisun | yakti tan jumênêng nata | yèn sun lalis sanak tuwa tan ngimini[180] |[181] ikang jênêng kawiryan ||
76. Adipati Bênawa anangis | amiyarsa andikaning rama | miwah têkèng sêntanane | umyung anèng dalagung | pan sinêlak lampahera aglis |[182] prapta nêgari Pajang | malêbèng kadhatun | Senapati Ingalaga | pamondhokan ing desa Mayang anênggih | nulya raryyan lan wadya ||
77. Sultan Pajang amiyarsa mangkin | yèn kang putra mondhok desa Mayang | nulya pinutusan [pinu...]
--- [f. 143v] ---
[...tusan] age | duta prapta umatur | Senapati kita dèn sèngi | de ramanira sultan | malêbèng kadhatun | Senapati sigra mojar | hèh sang duta matura ing rama aji | amit ulun katuran ||
78. amit makin nanging boya mulih | ulun iki nganti karsani[183] Yyang | aturêna dipun age | dutanira awangsul | dhatêng pura matur sang aji | manêng[184] sultan ing Pajang | Senapati nêngkung | maladi samadinira | anèng Mayang têngah dalu wayah makin | pun Juru Tam prapta |[185]|
79. amêng-amêngane Senapati | gêdhenira sagunung anakan | mêndhêk ngalasod ngarsane | pun Juru Taman matur | Senapati panutan mami | mênawi dede karsa | angrabah[186] sang prabu | ing Pajang ulun lumampah | pêjah gêsang pan ulun ikang lêboni[187] | kita karia wirya ||
80. Senapati Ngalaga sigra ngling | Juru Taman ulun atarima | ing pracayanira age | ulun tan darbe kayun | ing sakarsanira umiring | Juru Taman anêmbah | anulya tumanduk | malêbu maring kadhatyan | Sultan Pajang kapangguh gêrah aligih | binithi dhadhanira ||
81. Sultan Pajang kantaka tumuli | tinangisan dening para garwa | miwah putra sêntanane | prakatha padha umung | sarêng enjing sultan alilir | saya sru ikang gêrah | Senapati wau | sakathahe wong Mataram | padha tumbas anênggih punang salasih | tinumpuk lawang kilyan ||
82. Senapati Mataram puniki | kacarita anèng desa [de...]
--- [f. 144r] ---
[...sa] Mayang | tigang dalu tri dinane | nulya mulih pan sampun | mring Mataram kocap ing wuri | pangeran ing Bênawa | age sira matur | hèh rama putra andika | Senapati wong Mataram dèn pundhuti | salasih sami tumbas ||
83. agotongana[188] pikulan sami | ana mondhong dèn tumpuk sadaya | ing lawang sakèthèng kilèn | Sultan Pajang amuwus | kakangira Ki Senapati | asru gumatènira | darbe bapa mringsun | yèku tăndha sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn isun mèh antaka ||
84. tan antara Sultan Pajang lalis | kang nungkuli putra lawan garwa | alara asru tangise | miwah mantri tumênggung | dêmang răngga lawan ngabèi | warduji[189] pandêlêgan | kandhuruhan muwun | pêcaktăndha kang aniba | wadya èstri asru padha sira nangis | gurnita lir sagara ||
85. Adipati Bênawa sira ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ulun jaluk kabèh rahe[190] | ulun kinèn amatut | wêwêkase kang sampun lalis | Senapati Ngalaga | putra kang pambayun | kang rama apan wus tilar | prayogane ing Mataram sun utusi | pinajar sultan mapad ||
86. bêcik gêlêm tan gêlêma sigih | mapan iku sanak tuwa dhawak | rama ji pan [pa...]
--- [f. 144v] ---
[...n] gêgêntène | dununge sêmbah isun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira umêsat | ing Mataram rawuh | tumamèng maring kadhatyan | pan kapangguh anêmbah mring Senapati | duta aris aturnya ||
87. Senapati ulun atur paksi | Sultan Pajang make sampun lina | pan ulun iki kinèkèn | dening ari pukulun | Adipati Bênawa sigih | jêngandika ngaturan | mring ari pukulun | inganti anucèkêna | ing layone rama ji sultan anênggih | maksih agilang-gilang ||
88. Senapati agya nulya nitih | kudanira lampahe anyongklang | nulya prapta ing Pajange | tumamèng ing kadhatun | Senapati nèng srimênganti | anulya sinungkêman | padane sang prabu | tan beda kala ing gêsang | ing batine Senapati ing Matawis | maring jêng Sultan Pajang ||
89. nulya adan siniraman sami | pan kinapan sêmbayange pisan | sampune ginawa age | pinêktak[191] anèng Butuh | nulya sami maca talêkim | andonga sampun tamat | padha mulih sampun | anulya prapta ing Pajang | kêkumpulan sakèhing pandhita mantri | pêpêk santana putra ||
90. Susunan Kudus mangkya sira ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | putra sapa ing yogane | ikang gumanti ratu | kang sineba sakèhing mantri |
--- [f. 145r] ---
wadya Pajang sêdaya | padha sira matur | yèn suwawi lawan karsa | Adipati Bênawa yogya gumanti | putra lanang satugal ||
91. angandika Sunan Kudus aris | tan sêmbada ulun gantyanana | Adipati Bênawane | yogya dadia ratu | adipati ing Dêmak mangkin | mapan iku kang tuwa | ibu bapa ratu | kang èstri putra kang tuwa | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | adipati ing Dêmak ||
92. iya mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | karo têrah kusumane | Dipati Bênèwèku | sampun winarisan nêgari | ing Jipang kang wasiyat | Sultan Pajang dangu | yoga maringa ing Jipang | awismaa mapan jumênênga aji | ing Jipang sinebaa ||
93. Senapati sêdya turun angling | dyan sinaru Kyai Juru mojar | Senapati mayo mulih |[192] anulya agya mundur | Kyai Juru amêmancèni | Senapati Ngalaga | ayya turun wuwus | karêpe ing wong sêsanak | silih ukih akudun[193] rêbut nêgari | sokur dadia aprang ||
94. lêhêng sira mêmulea dhikir | asidhêkah amburua sasam | kidang kancil lawan banthèng | ing Mataram pan agung | miwah bêras kalawan pari | murah sarya pinangan | tulus kang tinandur | agunga sira kasukan | ing
--- [f. 145v] ---
Mataram apan wismanira bêcik |[194] ayya nêdya ing Pajang ||
95. Senapati Ingalaga mulih | ing Mataram lami tan winarna | kocapa ing Pajang mangke | Dipati Dêmak mantu | agêntosi jumênêng aji | dipati ing Bênawa | awisma ji lulus |[195] pandumira mantri Pajang | pinatêlu rong duman pinundhut mangkin | maksih ikang saduman ||
96. kang rong duman kinarya pêparing | mantri Dêmak wadyanira lawas | padha jinujung luguhe | ana jênêng tumênggung | waduaji dêmang ngabèi | răngga lan pandêlêgan | kandhuruhan iku | andhamoi pêcaktăndha | kagadhahan mantri Dêmak padha sigih | awisma anèng Pajang ||
97. mantri Pajang gêrsah tyasing rèki | samya dèn longi kang gêgadhahan | padha ala pangucape | age anaa musuh | dèn rusaka Pajang puniki | katuwone wak iwang | tinilar ing ratu | kaliwat dening alara | kyèh durjana ing Pajang wong bêdhog ngutil | anayab wong bêbegal ||
98. kabèh padha mantri Pajang miring | manahira anêdha na karya | maring ratune kang mangke | apan adarbe kayun | Senapati Ngalaga sigih | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | akokonan mring Mataram | duta mangkat lumampah sadalu margi | enjang dhatêng Mataram ||
--- [f. 146r] ---
99. duta mangsah tumamèng ing puri | Senapati kapanggih pinarak | sang duta anêmbah age | pan aluguh tumukul | nulya matur ing Senapati | kawula kang putusan | pangalasan sèwu | atur uninga ing kita | rayi dika Dipati Dêmak ing makin | gènnya jumênêng Pajang ||
100. mantri sadaya anêrka balik | datan eca gènira ngawula | dhatêng ratune kang mangke | gêgadhuhan pinundhut | tigang atus satus kang maksih | kalih atus dalêman | iku tatanipun | marmane miring kang manah | Pajang rusak ing bêngi garigis maling | raina parêbatan ||
101. lah manawi andika puniki | darbe karsa angrêbat ing Pajang | apan sêdhêng mumpung mangke | Pajang lagya ra-uru | mantri anyar arêbat bumi | wadya Pajang kalawan | mung dika pukulun | ikang dipun arsa-arsa | sêmangsane darbe karsa nuli balik | umiring karsa dika ||
102. Senapati angandika aris | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu age | anarima katèngsun | ing pracayanira mring kami | isun pan durung ana | karsane Yyang Agung | angrêbata maring Pajang | pirang bara donganing wong sanêgari | ngrusak Dipati Dêmak ||
103. lamun isun kinon marang Widi | mapan gampang rusake ing Pajang | Dipati [Dipa...]
--- [f. 146v] ---
[...ti] Dêmak patine | yèn kinarsakkên iku | dening Sukma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan sira kukuh | tan kêna sinêdya rusak | dene janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Sukma ||
104. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Pangeran Bênawa | ing Jipang ika wismane | maksih lara tyasipun | angirangi anendra bukti | lumampah kasutapan | asru gènnya nêkung | nalika tan ayun boja | lamun ana sisane wong dhahar sigih | tibèng lêmah dhinahar ||
105. prapta wêngi sinêru kang brangti | anaritis pêrnahe anendra | datan kauban wangone | wayahe têngah dalu | nulya ana syara mèngêti | datan awarna rupa | lah undangên gupuh | pan dadi sêrananira | Senapati Ingalaga ing Matawis | tan ana sarana lyan ||
106. sasampune amirsa syarèki | Adipati Bênawa gya mojar | lah duta sira sun kakon | undangên sanak isun | Senapati anèng Matawis | aturana dèn agya | mangkat kang pinutus | anulya praptèng Mataram | sigra masuk ing dalêmnya ta kapanggih | Senapati Ngalaga ||
107. duta Jipang nêmbah nulya angling | Senapati Ingalaga iwang | marak mariki kinèkèn | dening rayi pukulun | Adipati Bênawa nênggih | jêngandika [jêng...]
--- [f. 147r] ---
[...andika] ngaturan | mring Pajang anêngguh | tuwanku putraning sultan | luguhêna ing Pajang jumênêng aji | yèku ikang kinarsan ||
108. Kyai Gêdhe Senapati angling | hèh sang duta pan sira matura | mring Dipati Banawane | mapan ulun tan wêruh | pan karêpe rêbut nêgari | kalawan sanakira | pan saduluripun | ulun iki ing Mataram | winarisan dening sultan rama syargi | ulun têtêpe ika ||
109. risang duta nêmbah nulya amit | sampun mangkat mulih marang Jipang | prapta mangsah kadhatone | cundhuk lawan sang prabu | duta matur wêkase nguni | Senapati Mataram | mapan wus tinutur | Pangeran Bênawa mojar | hèh sang duta balia marang Matawis | matura mring si kakang ||
110. sang duta sigra umangkat aglis | lampahira dhatêng ing Mataram | prapta mangke nêgarane | Senapati kapangguh | risang duta anêmbah angling | Senapati Ngalaga | kawula ingutus | adipati ing Banawa | arinira wêkase marang ing kami | katura maring tuwan ||
111. Adipati Bênawa anênggih | ikang karsa ing Pajang tan suka | kagêntosan ing tatane | jênêng rama pukulun | Sultan Pajang ikang alalis |
--- [f. 147v] ---
adipati ing Dêmak | kang gêntosi ratu | yèn andika tan akarsa | jênêngakên mring Pajang jumênêng aji | mring Pangeran Bênawa ||
112. lêhêng andika darbe mangkin |[196] gumantia jumênênga sultan | sinebaa ing wadyane | suka kari pukulun | lamun tuwan kang adarbèni | pantês suta kang tuwa | iku karsanipun | adipati ing Bênawa | arinira ya eca dènnya aguling | nanging tuwan ligiha ||
113. Senapati aris sira angling | hèh sang duta mêngko kang karsa |[197] pangeran ing Banawane | têmuh pak[198] karsanipun | nêgarane ing Pajang iki | duta sira muliha | matura dèn gupuh | ari Pangeran Bênawa | sun aturi pinaraka ing Matawis | Gunung Kidul miyosa ||
114. risaksana duta sigra amit | lampahira mapan sêsandêran | nulya prapta Jipang age | tumama ing kadhatun | sang dipatya sira kapanggih | duta aris aturnya | pangeran tuwanku | ikang karsa raka tuwan | pan andika pinaraka ing Matawis | panggiha ngadilagan ||
115. tan kawarna lampah catur latri | sira adipati ing Banawa | prapta Mataram sira ge | sawadya wus kapangguh | lawan wau Ki Senapati | wus rêmbag ikang karsa | tan antara esuk | wadya sami abusana | akulambi bapang kang sinimping-simping [sinimping-si...]
--- [f. 148r] ---
[...mping] | myang kêre gêgênderan ||
116. ana kulambi sakêlat abrit | lan maliyo lan kulambi sutra | sora-sari bra warnane | myang kulambi baludru | têtapong mas murub kaèksi | kadi prawata sêkar | asri yèn dinulu | mapan asor kang baskara | kasênênan ing pangage para mantri | kucêm ikang raditya ||
117. kutha Pajang sampun dèn barisi | tumbak pêthak lawan waos binang | bêdhil kalawan parise | tamèng kalawan gajur | kumbalanya lêlayu asri | abra dening parada | lawan umbul-umbul | kolêm saligi myang pêdhang | lêmbing duduk panah trisula jamparing | tulup kalawan sawat ||
118. Adipati Bênawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | yèn suwawi lan karsane | kutha Pajang puniku | rinabasa sadina mangkin | nulya bajur mring pura | tinigas kang gulu | pun adipati ing Dêmak | ing putrine binoyong myang wadya puri | rajabrana pukuran ||
30. Pangkur
[Sénapati Ingalaga lan radèn Benawa bedhah kitha Pajang.[199]]
1. anulya wau ngandika | Senapati nabda dhatêng kang rayi | aja age bêdhah iku | kitha pan dadi susah | ing wong cili yayi ikang para rêbut | sira benjang gêntosana | yya kongsi rusaking puri ||
2. dika raryan jaban kutha | pan manira kang malêbu pribadi | mring Dipati [Di...]
--- [f. 148v] ---
[...pati] Dêmak iku | Senapati Ngalaga | nulya nitih kudanira tan asantun | kang aran Ki Bratayuda | saking kilèn winiyosi ||
3. kudane pun Bratayuda | ulêsipun nênggih purnamasidi | wong Dêmak lawan wong Kudus | anèng ing palataran | samya ngagêm sênjata anulya nêmpuh | Senapati Ingalaga | binendrong bêdhil tan kêni ||
4. wadya Kudus lawan Dêmak | sami matur Dipati Dêmak sigih | Senapati sampun rawuh | watên sakilèn kitha | ulun papag sakyèhing bêdhil kang agung | mimis datan ana măngga | Senapati têguh sêkti ||
5. atêguh têkan jarannya | ulêsipun purnamasada kang dadi |[200] tiningalan nênggih dhawuk | Dipati Dêmak mojar | kakang Senapati Ngalaga iku |[201] nèng lawang sakèthèng kilyan | iya papagêna aglis ||
6. mimis sèwu mas kinarya | lawan mimis sêlaka sèwu anênggih |[202] lah sipatên dipun gupuh | têtukon wong Mêkasar | wong Kalasi migah palataran sampun | wong Bugis Bajar[203] Sêmbawa | kabèh têtukon anênggih ||
7. supênuh nèng palataran | padha ngagêm saligi miwah bêdhil | sawat lêmbing panah busur | tulup tawok samêkta | sarêng muni bêdhil lan tabuhan umyung | surak lir karêngèng tawang | Nyai Kidul kang winarni ||
8. sawadyanira asurak | wanti-wanti ya ta anèng wiyati [wiya...]
--- [f. 149r] ---
[...ti] | kadya langit bêdhah iku | gumlêdhug Marapika | kang maruta awor udan mêtu umung | riwis-riwis pracinanya | yèn jim parayangan prapti ||
9. milu abêdhah[204] ing Pajang | Senapati mangsah pinapag bêdhil | ikang mimis kancana gung | myang kang mimis salaka | anibani sanjata mimis lir jawuh | tibèng jaja Senapatya | sami gèpèng punang mimis ||
10. tumèmpèl ing dhadhanira | asri tinon lir wadhak paradèki | gêbyar-gêbyar sarotipun[205] | lir lintang ngalih ika | Senapati Ngalaga angrampid sampun | sor kitha ngarsane lawang | ingbyuk saligi myang lêmbing ||
11. tawok tulup lawan panah | Senapati ya ta pan nora kêni | kadya wayang polahipun | Senapati ngandika | hèh wong Klasi Makasar aja ta milu | sira arêbut nêgara | pan sira wong tukon ugi ||
12. lumayua dèn akêbat | mardikaa ngeca-ecaa ugi | karsamu gèn milih dunung | aglis samya lumajar | ya ta kang wong têtukon kabèh lumayu | Senapati laju ika | rawuh sajawining kori ||
13. ngandika Ki Senapatya | hèh ta jalma ikang atugu kori | isun wênganana pintu | kang têngga lawang mirsa | Senapati yèn ajaluk[206] lawang wau | datan winênganan lawang | pan padha atakut nênggih ||
14. mring Dipati Dêmak ika | yèn mênganana lawang samitranèki |[207] Senapati
--- [f. 149v] ---
Ngalagèku | ki gêdhe samitranya | anèng kori mapan ta milu atugu | ajrih yèn tan mênganana | tugal guru mring sang yakti ||
15. Jêng Suhunan Kalijaga | Kyai Gêdhong ngamuk batur pribadi | ikang anèng jroning pintu | gègèr sami lumajar | Kyai Gêdhong pan kari dhawak ta wau | samitra winêngan lawang | Senapati ing Matawis ||
16. Ki Gêdhong ngabakti nulya | awêcana gustiku Senapati | ulun kang dadi pangayun | aprang lan wadya Dêmak | ikang baris punika ing alun-alun | Senapati Ingalaga | lingira arum amanis ||
17. sun tarima sêtyanira | mantri Pajang Ki Gêdhong samitra mami |[208] Ki Gêdhong sigra lumaju | mring alun-alun Pajang | tan antara ngamuk tinadhahan ganjur | tinumbak lan sinênjata | ingêbyuk Ki Gêdhong mati ||
18. salaminira agêsang | Kyai Gêdhong têguh tan wruh ing gêtih | pasthi karsaning Sukma Gung | Senapati lumampah | ya ta mulat lamun Ki Gêdhong alampus | Senapati angandika | Ki Gêdhong sanak sun ugi ||
19. durung wruh rasane iya | banyunisun satètès sira puniki |[209] para ta kasêlak lampus | benjang sapukur iwang | katêmua turune Ki Gêdhong besuk | kalawan turun manira | nutugêna ing prajangji ||
20. sarênga suka wibawa | yya salaya rusak lan anak mami | hèh wadyanisun Matarum | lah sasabana [sasaba...]
--- [f. 150r] ---
[...na] lincak | lêlayone Ki Gêdhong samitranisun | aja ta kongsi kèdêkan | dening wong lumampah jurit ||
21. yèn wus muli[210] binêrsihan | sigra mangsah Senapati ngajurit | prapta madya ngalun-alun | magung nitih kudanya | Senapati sêmana ya ta anêngkung | êning nêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu nênggih ||
22. Senapati Ingalaga | nulya pana kêkêpuh dèn tukuli | lali purwa saksanèku | kabèh wadya ing Dêmak | padha baris anèng Pajang alun-alun | ya ta wau katêrajang | dhadhal kadi gula milir ||
31. Dhandhanggula
[Sénapati Ingalaga jumeneng nata ing negari Mataram.[211]]
1. palayune tan amăngga pulih | wadya Dêmak pan asalang tunjang | padha takut bubar kabèh | asru gènnya lumayu | akèh mati arêbut margi | kênèng sanjatanira | padha baturipun | datan anolih ing wutat | apuyêngan anarka yèn têkèng pati | tan wruh purwa saksana ||
2. Kyai Juru anitihi wajik | cêcoklangan[212] wong Dêmak kapapag | Kyai Juru atêtakèn | wong apa sira iku | padha gègèr lumayu nênggih | sagungira wong Dêmak | padha sira matur | Senapati Ingalaga | ikang ngamuk anèng alun-alun sigih | purwa gègèr lumajar ||
3. Kyai Juru Amartani angling | hèh wong Dêmak ngapirani sira | Senapati ngamuk age [a...]
--- [f. 150v] ---
[...ge] | dene sira atakut | Kyai Juru lampahira glis | sêdya nusul kang putra | prapta ngalun-alun | Senapati Ingalaga | katingalan akonjêm luhuring wajik | Senapati Ngalaga ||
4. nulya Ki Juru Martani angling | Senapati Ingalaga sira | atangia dipun age | katukul sira ngantuk | baya lali yèn sira jurit | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | mangkya mojar mring kang paman | ana ngêndi wong Dêmak ikang abaris | ing alun-alun Pajang ||
5. anauri Juru Amartani | pan wong Dêmak awêdi mring sira | gègèr asru palayune | payo padha malêbu | ing kadhaton Pajang dèn aglis | rinya dipati Dêmak | mapan sampun takut | angusi ana ing pura | nora sêdya yèn miyosa ing ajurit | mapaga marang sira ||
6. Senapati têdhak saking wajik | tangan têngên waos kang cinandhak | kiwa nêkêl kandhasule[213] | migah ing lêmahdhuwur | Kyai Juru Martani angling | aja sira tumêdhak | saking kudanipun | ambanjura maring pura | aja walang driyanira anèng puri | Pajang pan darbenira ||
7. angandika aris Senapati | karan iwang tumêdhak sing kuda | andulu paligihane | Sultan Pajang tuwanku | nora arus wong wani gusti | kapindho wong atuwa | kaping tiga guru | punika ajrih manira | Sultan Pajang tan beda [be...]
--- [f. 151r] ---
[...da] lagi aurip | ing panêmbah manira ||
8. nulya dhatêng Kyai Senapati | wijil pisan angadêg ing lawang | para garwa mapag kabèh | Sultan Pajang kang sunu | Adipati Dêmak kang èstri | anêmbah ing suku sang | kang ana ing lêbu | tumukul sira mangrêpa | paluguhe abukuh tumulya angling | Senapati Ngalaga ||
9. arinira yya dera patèni | adipati ing Dêmak punika | Senapati mojar age | datan sêdya yèn isun | mêjahana marang ing ari | adipati ing Dêmak | sun prih idhêpipun | dening jumênêng ing Pajang | nora nana bêcike marang ing kami | dadi asalah tămpa ||
10. malah isun pinapag ing jurit | isun maksih eling asêsanak | yèn sira gusti purwane | yèn naria maringsun |[214] dening karsa jumênêng aji | pantês isun kang tuwa | ngastrènana ratu | lah cêkêlêna dènira | èstri adipati ing Dêmak aglis |[215] tandhane wong akalah ||
11. udhêtira gawenên têtali | cindhe kêmbang karyanên pusara | ing Dipati Dêmak age | sarta bokokanipun | aturêna marang ing kami | nulya sira umangkat | èstri kabèh sampun | bêkêle Dipati Dêmak | para rabi dipati binêktèng kori | Senapati tumingal ||
12. selabêntar gènira aligih | adipati ing Dêmak lan garwa | Senapati andikane | Adipati Dêmèkku | dudu sira kang duwe waris |
--- [f. 151v] ---
jumênêng Ratu Pajang | pantês putra jalu | ari Pangeran Bênawa | jumênênga anggêntènana rama ji | sinebaa ing Pajang ||
13. hèh Dipati Dêmak sira iki | warisira nêgara ing Dêmak | lah mintara dipun age | wong Mataram puniku | mikulana sanguning rèki | hèh wong Pajang Mataram | lan wong Martalulut | adhêpên Dipati Dêmak | gantyanana sakèhe ing para rabi | tan pantês ing wanodya ||
14. Martalulut wong Singanêgari | padha matur marang Senapatya | pun Dipati Dêmak mangke | pinêjahan puniku | Senapati sigra dènnya ngling | ulun iki tan wênang | dudu pasthinisun | anêdya yèn mêjahana | arinisun Adipati Dêmak mangkin | matia ing kanjara[216] ||
15. Adipati Bênawa puniki | suka-sukan[217] anèng pagêlaran | ing alun-alun Pajange | padha bêksa awuru | pan sagunge kang wadya mantri | sadaya suka rêna | para wadyanipun | amrang lêngên para nantang | para campah candhala anênumbari | ing Pajang ulun digbya ||
16. Senapati Ngalaga umiring | mijil kang nadhi kapaning kuda | pun Gathayu ing wastane | lawan ikang kandhangsul | Macan Guguh aran kandhali | gong pun Sêkardalima | padha barkatipun | ingagêm suntan[218] ing Pajang | sakathahe bêbarkatan kang rumiyin | ginawa pagêlaran ||
17. Senapati sineba ing mantri |[219] pagêlaran alun-alun Pajang | singasana[220] [singa...]
--- [f. 152r] ---
[...sana] paluguhe | lêlèmèkira babut | isi kêmbang ing nagasari | ujalanirèng muka | lir wulan awêlu | risêdhêng lagi purnama | padha takut amulat sakèhing mantri | tumukul samya ngrêpa ||
18. Adipati Bênawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | kita jumênênga age | Sultan Pajang puniku | sinebaa sakyèhing mantri | mapan kita prayoga | dening putra sêpuh | atêguh lawan arosa | digbya sêkti para ratu tanah Jawi | tan ana kang wania ||
19. Senapati Ingalaga angling | ari adipati ing Bênawa | tarima ing pracayane | pan dudu pasthinisun | gumantia ing rama aji | jumênêng Sultan Pajang | kagêdhèn puniku | ulun pinasthi amurwa | tanah Jawa angalahkên ing ajurit | kutha Pajang karusak ||
20. anèng têmbèng[221] bêrsih tanah Jawi | ratu mănca tan ana suwala | padha apranata kabèh | Jawa mapan kakêlun | gih puniku Sultan Matawis | pan iku putuningwang | pasthi kang kapangguh | jumênêng ratu pandhita | kèdhêp sabrang para ratu angajawi | Mandura lan Palembang ||
21. ulun iki winaris rama ji | ing Mataram sun tugoni[222] iya | bêbakali kangelane | Dipati Bênawèku | lah wus sira dadia aji | malêbua jro pura | mêngkua kaprabun | Dipati Bênawa mojar |
--- [f. 152v] ---
kakang aji ulun iki anglampahi | sakèhing pakonira ||
22. sakathahing kagêngan nèng ngriki | jroning pura kawula sumăngga | sakarsa andika angrèh | Senapati amuwus | atarima ulun puniki | yayi pracayanira | kang mara ing ulun | sakèhe kuningan Pajang | simpênana karyanên dandanan benjing | kutha Pajang kang rusak ||
23. lah gawenên nênutut ing mantri | dananana rêtna lawan boga | wanodya ayu rupane | iku pan karsanisun | wong ngawula maring nrêpati | yayi sira bêbakal | jênêngira ratu | kurange sêntanira |[223] tumbasêna salakanira lan picis | wajib dandanan aprang ||
24. sang lyir bawani[224] kang sinung wadi | kinarya myang jagat jaga-jaga | arjaning rat saèsthine | gulang-gulangên iku | dipun yitna ulah nêgari | duwea wong têtiga | karuwun sang wiku | kapindho kang wong atapa | kaping tiga wong petangan wiladuni | palakiyah myang ramal ||
25. yèn sira yun wêruha ing adil | pranatane wong dadi narendra | atakona dipun age | wadyanira sang wiku | lamun ayun wêruh ing wadi | takona kang petangan | ingaran dhêdhukun | yèn ayun wruh pangawasa | kang kajaba saking wirayating tulis | takona kang pranata ||
26. Adipati Banawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | sakèhing bêbarkatane | rama aji syargèku | pan sumăngga ulun puniki [pu...]
--- [f. 153r] ---
[...niki] | gawanên mring Mataram | pantês anak sêpuh | kang aduwe warisan |[225] jêngandika kawula tan amantêsi | kang darbea bêrkatan ||
27. Senapati Ingalaga angling | ari adipati ing Banawa | alah bênêr sasmitane | bêbarkatan sun pundhut | ulun bêkta dhatêng Matawis | cinecandhi purana |[226] rama ji lan isun | têmên-têmên kênèng kêdhap | sarasane srêngkara rupa lan manis | tan kêna pisahêna ||
28. lah karia arinisun amit | mulih marang nêgara Mataram | sun astokkên salamête | ing sawurine ulun | Adipati Bênawa nangis | mangusap ing suku sang | kang ana ing lêbu | sêsambate kadi bocah | kang sinambat bapa babune kang lalis | datan narka panggiha ||
29. enjang makat Senapati mulih | kang binêkta makutha bêrkatan | gong Ki Sêkardalimane | kêkapa Ki Gathayu | lan kundhali sarênge iki | Macan Guguh wastanya | sadaya pan kantun | ya ta Adipati Dêmak | duk sinusul gunung Kêndhêng dèn pêjahi | ana desa ing Serang ||
30. Senapati lulus dènnya mulih | dyan lumampah tan kawarnèng marga | prapta ing Mataram age | tumamèng ing kadhatun | Senapati jumênêng aji | sêmana ingastrenan | Sunan Adilangu | lawan mantri pamajêgan | wong Kajoran kabèh seba mring Matawis | Sultan Pajang wus sirna ||
--- [f. 153v] ---
31. Adipati Bênawa anênggih | anèng Pajang jumênêng nalendra | lagi satahun lawase | anulya sira lampus | ginantosan dening kang ari | Senapati Ngalaga | pangeran tumênggung | ing Pajang arane ika | karanira sitigil ngilèn arêpi | yya mêmadha Mataram ||
32. wawan kyaning sultan ing auni |[227] sakathahe wêwêngkoning pura | ginêmpur lêmah dhuwure | myang pasareanipun | ingingêran wetan puniki | ing êgonira[228] wisma | pangeran tumênggung | sakulone kutha Pajang | bahastana[229] wong Arab kang aran aji | winêlar kutha Pajang ||
33. linêbokkên astana puniki | jroning kitha karsane punika | ingambil ika barkate | dyan pangeran tumênggung | purwanira ambata iki | patute kutha Pajang | pasagi rumuhun | Pangeran Tumênggung Pajang | dèn warnanên Senapati ing Matawis | lami jumênêng nata ||
34. wus kaloka ing satanah Jawi | Senapati Ngalaga Mataram | miwah sakulawangsane | anuntên enjangipun | Senapati miyos tinangkil | pêpêk kang para putra | ngandikan mring ngayun | sakèhing para sêntana | ingandikan pan sami jinujung ligih | apan sinama-sama ||
35. lawan sami sinungan kêkasih | dening sakèhing para sêntana | anadene Radèn Tampe | ya Pangeran Tumênggung | Gagak Banin ikang kêkasih | Radèn Santri winastan | ing kêkasihipun | ya Pangeran Singasêkar | Radèn [Radè...]
--- [f. 154r] ---
[...n] Jambu Pangeran Amangkubumi | sampun sami wibawa ||
36. têlas sêntana jinujung ligih | putrane Senapati sadaya | samya jinujung ligihe | dene ikang pambayun | ya Pangeran Răngga anênggih | nuntên Kanjêng Pangeran | Pugêr kang pagulu | nuntên Pangeran Purbaya | nuntên ikang rayi wau kang kêkasih | pangran ing Jagaraga ||
37. nuntên kang rayi sinung kêkasih | kang jumênêng Pangeran Jaminah[230] | anuntên wau arine | kang badhe madêg ratu | Panêmbahan Karapyak nênggih | anuntên arinira | ing kêkasihipun | ya Pangeran Prigabaya | watên dene kang ari èstri kêkalih | sampun sami akrama ||
38. jênêng Radèn Dêmang Tanpanangkil | nênggih nuntên wau arinira | Tanpasana kêkasihe | têlas jinujung luguh | ikang paman sinung kêkasih | Ki Juru wus ingaran | Măndaraka iku | sêmana kang anèng Pajang | kang jumênêng pangeran tumênggung lalis | pinêtak ing Mataram ||
39. ing dagane Ki Agêng Matawis | ikang rama anênggih punika | sakilèn masigit gêdhe | ênggènira kinubur | nagarane ing Pajang iki | kagêntosan punika | nênggih wastanipun | Pangeran Dipati Pajang | wus alami sêmana sampun aligih | kampuh jiga nonoman ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127. (kembali) |
2 | mungkar (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127, Pupuh 22.2.5). (kembali) |
3 | Tumênggung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127, Pupuh 22.6.2). (kembali) |
4 | tanggung (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127, Pupuh 22.6.7). (kembali) |
5 | kongkon (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.127, Pupuh 22.7.3). (kembali) |
6 | adhangêna (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.128, Pupuh 22.20.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.17.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.17.6). (kembali) |
7 | cêconthongipun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
8 | Bandingkan: tumampi cêconthong sampun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.18.6). (kembali) |
9 | cêconthong (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.128, Pupuh 22.22.3). Bandingkan: caconthong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.19.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.19.3). (kembali) |
10 | ingungkaban (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
11 | jomblong (dan di tempat lain). (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: asmara kirim kalêbu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.35.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.35.6). (kembali) |
13 | pêpanggiha (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.130, Pupuh 22.39.4). (kembali) |
14 | mlêbu (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
15 | wuntat (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.130, Pupuh 22.41.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.38.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.38.7). (kembali) |
16 | Bandingkan: mlêbunira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.130, Pupuh 22.43.4). (kembali) |
17 | Bandingkan: andhustha (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.130, Pupuh 22.45.7). (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: apan wus anèng jro puri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.48.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.48.1). (kembali) |
19 | langlang (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.48.4). (kembali) |
20 | kapangguhan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.131, Pupuh 22. 51.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.48.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.48.4). (kembali) |
21 | jangkung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.131, Pupuh 22.52.4). (kembali) |
22 | sinantaha (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.56.7). (kembali) |
23 | anggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.132, Pupuh 22.60.2). (kembali) |
24 | gangsal (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.132, Pupuh 22.60.6). Bandingkan: tigang (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.57.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.57.6). (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Radèn Pabelan tinanyan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.58.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.58.4). (kembali) |
26 | pisah (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 37.68.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 37.68.4). (kembali) |
27 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.133. (kembali) |
28 | jangkêp (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.133, Pupuh 23.3.1). (kembali) |
29 | Bandingkan: wangsul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.4.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.4.7). (kembali) |
30 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: duk samana Rahadyan Sêkaring Pura (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.5.1). (kembali) |
31 | sira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.133, Pupuh 23.5.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.5.5). (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: gya sinapa de Radèn Sêkaring Pura (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.6.1). (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: pawongan sakathahnèki. Bandingkan: sakyèh pawongan samya ngling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.7.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.7.5). (kembali) |
34 | dening (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.10.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.10.4). (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: atur uninga sultan lampah kawula (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.17.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.17.1). (kembali) |
36 | winangsitan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.134, Pupuh 23.21.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.21.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.21.1). (kembali) |
37 | bênggang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.134, Pupuh 23.22.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.22.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.22.7). (kembali) |
38 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nanging wêkas ingwang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.23.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.23.3). (kembali) |
39 | Kurang satu gatra: gatra ke-6 (5a). Bandingkan: Radèn Pabelan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.24.6). (kembali) |
40 | samirirèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.24.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.24.7). (kembali) |
41 | nangguhi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.134, Pupuh 23.25.2). (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lah uculêna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.27.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.27.6). (kembali) |
43 | Bandingkan: paman (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.135, Pupuh 23.27.7; mas (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.27.7). (kembali) |
44 | sira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.29.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.29.1). (kembali) |
45 | kongsi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.135, Pupuh 23.29.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.29.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.29.4). (kembali) |
46 | tumênggung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 38.30.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 38.30.4). (kembali) |
47 | Mayang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.135, Pupuh 23.31.4). (kembali) |
48 | andugi. (kembali) |
49 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.136. (kembali) |
50 | pinatik. (kembali) |
51 | nuring. (kembali) |
52 | kinèngkèn (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.137, Pupuh 24.11.3; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.12.3). (kembali) |
53 | Bandingkan: sutanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.6). (kembali) |
54 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: mangan nginum sun ingatag (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.13.8; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.13.8); mangan nginum kinèn bucal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.7.8); mangan nginum kinon bucal (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.6.8). (kembali) |
55 | mencok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.137, Pupuh 24.17.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.18.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.18.3). (kembali) |
56 | kadar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.19.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.19.1). (kembali) |
57 | pitung. (kembali) |
58 | antiga (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.22.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.22.1). Bandingkan: antigan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.23.1). (kembali) |
59 | kantara. Bandingkan: akantar (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.24.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.24.7). (kembali) |
60 | yayah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.138, Pupuh 24.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9). (kembali) |
61 | Bandingkan: mungsuh yayah rasa tan ana madhani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.25.9). (kembali) |
62 | Lebih satu suku kata: apan ta ulun purun. Bandingkan: apan wani ing ulun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.26.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.26.4). (kembali) |
63 | mangrêpa (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.30.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.30.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.31.7). Bandingkan: angrêpa (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.28.7). (kembali) |
64 | Bandingkan: sumilih (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.30.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.30.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.31.9; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.28.9). (kembali) |
65 | têkèng (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.29.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.32.9). (kembali) |
66 | lina. Bandingkan: lena (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.29.9). (kembali) |
67 | pintanên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.139, Pupuh 24.32.8; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.31.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.34.8). (kembali) |
68 | doh (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.33.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.36.4; Ajisaka, Salamun, Pupuh 11.24.4). (kembali) |
69 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.140. (kembali) |
70 | sêtya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.140, Pupuh 25.8.7). (kembali) |
71 | rahasya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.140, Pupuh 25.9.7). (kembali) |
72 | pisalin. (kembali) |
73 | rantinya. (kembali) |
74 | saengganya (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.141, Pupuh 25.12.7). (kembali) |
75 | Bandingkan: ambukuh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.141, Pupuh 25.14.3). (kembali) |
76 | Bandingkan: wata (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.141, Pupuh 25.14.5). (kembali) |
77 | Lebih satu suku kata: Senapati ting sukane. (kembali) |
78 | Kurang satu suku kata: mulat mantri pamajêgan. (kembali) |
79 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142. (kembali) |
80 | ambêk (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142, Pupuh 26.1.2). (kembali) |
81 | gora (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.57.2). (kembali) |
82 | Bandingkan: anglêngkara ambêk gora gadha (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.2). (kembali) |
83 | Bandingkan: mantrinira arosa (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.6). (kembali) |
84 | sinangga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142, Pupuh 26.1.8). (kembali) |
85 | dinêdêl (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.58.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.58.5; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.54.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.60.5). (kembali) |
86 | Bandingkan: tat kalayar ingkang nguni-uni (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.57.1). (kembali) |
87 | anggêsêngi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142, Pupuh 26.6.5). (kembali) |
88 | Bandingkan: nagara pan sandeane (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.58.3). (kembali) |
89 | Bandingkan: sênggah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.9.10). (kembali) |
90 | ngusung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.10.2). (kembali) |
91 | rangkang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.75.3). (kembali) |
92 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: srah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.10.8). (kembali) |
93 | lingsir (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.13.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.84.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.78.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.78.4). (kembali) |
94 | wintang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.15.1). Bandingkan: lintang (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.1). (kembali) |
95 | samadi (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.86.5). (kembali) |
96 | Bandingkan: ewuh sira kêlilate (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.144, Pupuh 26.20.3); ewuh cinêkêl ilate (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.86.3). (kembali) |
97 | Bandingkan: anjur sari (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.94.9). (kembali) |
98 | nglangi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.144, Pupuh 26.25.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.96.1). (kembali) |
99 | olor (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.91.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.91.2). (kembali) |
100 | Tunggulwulung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.144, Pupuh 26.25.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.91.3). (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: inggih gusti kangjêng paduka rumiyin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.91.9); inggih gusti kajêng paduka kariyin (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.91.9). (kembali) |
102 | Bandingkan: kinarakat jala lan sundhit (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.92.5); kinarakat jala lan cundhit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.92.5); kinarakad jambêt myang cundhik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.97.5). (kembali) |
103 | anyêkêli (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.144, Pupuh 26.27.3). (kembali) |
104 | Bandingkan: dibya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.93.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.93.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.98.7). (kembali) |
105 | ombak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.144, Pupuh 26.29.4). Bandingkan: olor (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.95.4); alun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.100.4). (kembali) |
106 | kasingkaban (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.145, Pupuh 26.29.10). (kembali) |
107 | êning. (kembali) |
108 | ngêsês. (kembali) |
109 | gumêtêr. (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata: panas lir ditya gilap. (kembali) |
111 | kumumbu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.145, Pupuh 26.31.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.97.4). (kembali) |
112 | minggu. (kembali) |
113 | Bandingkan: sigra manggung mangrênggang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.101.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.100.6; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.92.6). (kembali) |
114 | Bandingkan: mêtu anon atakut sira ningali (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.101.9); gya tumurun ngungun dènira ningali (Ajisaka, Salamun, Pupuh 11.40.9). (kembali) |
115 | Gatra ini disisipkan di tepi halaman. Bandingkan: tiba têlênging samodra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.61.8; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.60.8). (kembali) |
116 | sinamberan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.145, Pupuh 26.37.2). (kembali) |
117 | Bandingkan: sinêbaran manik mutyahara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.111.2). (kembali) |
118 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: catur kèhe kang dhingin bêngawan warih (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.64.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.114.9). (kembali) |
119 | Lebih tiga suku kata: yèn sadhawuh amindha sasi. (kembali) |
120 | Waringin Wak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.146, Pupuh 26.44.9). (kembali) |
121 | Bandingkan: prasaja (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.146, Pupuh 26.45.6). (kembali) |
122 | Kurang satu suku kata: anulya wau sira Ki Senapati. Bandingkan: Senapati astane nulya kinanthi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.71.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.70.9). (kembali) |
123 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.147. (kembali) |
124 | dan. (kembali) |
125 | mêngku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.147, Pupuh 27.9.5). (kembali) |
126 | anggur (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.147, Pupuh 27.11.5). (kembali) |
127 | siti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.148, Pupuh 27.17.2). (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata: ngadèkkên ngabêktinipun. (kembali) |
129 | Lebih satu suku kata: ngandêlkên jêmbar wiyaring. (kembali) |
130 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan arsa mampir wismamu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.148, Pupuh 27.22.1). (kembali) |
131 | Lebih satu suku kata: nyandhak mandêlêm cinangking. (kembali) |
132 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.149. (kembali) |
133 | Kurang satu suku kata: Sultan Pajang sigra dènnya angling. (kembali) |
134 | nginggahi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.150, Pupuh 28.13.5). (kembali) |
135 | boncèng (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.150, Pupuh 28.14.3). (kembali) |
136 | Lebih satu suku kata: sarêng nunggang liman lungayane. (kembali) |
137 | singkur (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.150, Pupuh 28.18.6). (kembali) |
138 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.106. (kembali) |
139 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Adipati Banawa sirangling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.24.1); Adipati Banawa sigra ngling (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.25.1). (kembali) |
140 | bangkite (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.151, Pupuh 29.4.4). (kembali) |
141 | kakang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.151, Pupuh 29.6.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.29.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.30.2). (kembali) |
142 | Bandingkan: ambêksa (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.151, Pupuh 29.6.5). (kembali) |
143 | Bandingkan: wontên (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.36.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.31.9). (kembali) |
144 | ambaribini (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.152, Pupuh 29.10.9; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.39.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.34.9). (kembali) |
145 | gumangkit (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.152, Pupuh 29.15.9). Bandingkan: bumakit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.38.9; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.44.9). (kembali) |
146 | lêhêng (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.43.8). (kembali) |
147 | bêksa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.153, Pupuh 29.20.2). (kembali) |
148 | mencok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.153, Pupuh 29.26.3). (kembali) |
149 | sinungga-sungga (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.54.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.54.9). (kembali) |
150 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sinungga-sungga ulun ingkang abêkti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.54.9); sinungga-sungga ulun ingkang abukti (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.54.9). (kembali) |
151 | bala. Bandingkan: wadya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.54.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.54.10). (kembali) |
152 | jaran (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.154, Pupuh 29.32.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.55.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.55.2). (kembali) |
153 | ginulawênthah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.154, Pupuh 29.33.4). (kembali) |
154 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: para rabi sumandhing ulun ngêpêti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.55.9). (kembali) |
155 | amăncanêgari (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.154, Pupuh 29.34.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.56.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.56.1). (kembali) |
156 | ambalik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.154, Pupuh 29.34.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.36.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.56.10). (kembali) |
157 | sanagri. Bandingkan: sanagari (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 36.57.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.57.9). (kembali) |
158 | siring. Bandingkan: silih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.63.10). (kembali) |
159 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dhatêng Tumênggung Mayang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.71.6). (kembali) |
160 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wadya Pajang cacah sèwu ingkang ngiring (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.71.9). (kembali) |
161 | kapêdhak. (kembali) |
162 | ujyalanira (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.74.6). (kembali) |
163 | Bandingkan: sakgon (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.155, Pupuh 29.47.8); sanggon (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.5.8). (kembali) |
164 | sêdhêng (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.78.3). (kembali) |
165 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: mantri Pajang abusana asri (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.15.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.15.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.82.1). (kembali) |
166 | atopong (dan di tempat dan bentukan lain) Bandingkan: têtopong (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.15.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.15.2). (kembali) |
167 | singsim (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.15.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.82.3). (kembali) |
168 | sinongkèt (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.15.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.15.9). (kembali) |
169 | Lebih empat suku kata. Bandingkan: alêlaku angêbêki papan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.16.2); alêlaku yèn tinon dening Yang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.83.2). (kembali) |
170 | Bandingkan: ing ujyalanipun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.83.7); ing ujwalanipun (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.16.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.16.7). (kembali) |
171 | merang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.16.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.16.8). (kembali) |
172 | angangkang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.156, Pupuh 29.57.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.18.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.18.6). (kembali) |
173 | Bandingkan: pira dohe lêt umpak kari sawêngi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.22.9). (kembali) |
174 | ngèstokakên (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: angèstokkên (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.25.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.92.3). (kembali) |
175 | amburoni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.157, Pupuh 29.67.9). (kembali) |
176 | Bandingkan: Gilingan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.29.5). (kembali) |
177 | sinorog (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.29.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.29.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.96.8). (kembali) |
178 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: hèh sang kunci apa ta karaning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.30.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.30.1); hèh kunci apa karane iki (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.100.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.97.1). (kembali) |
179 | kunci (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.158, Pupuh 29.69.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.30.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.30.3; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.100.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.97.3; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 14.60.3). (kembali) |
180 | ngamini. (kembali) |
181 | Bandingkan: yèn sun lali sanak tuwa angamini (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.36.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.36.9); isun lalin sanak tuwa angamini (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.106.9). (kembali) |
182 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan sinêlêk lakuniraglis (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.37.5); pan sinêlêk lampahing margi (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.107.5); pan sinêlak lampahe aglis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.104.5). (kembali) |
183 | karsaning (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.159, Pupuh 29.78.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.39.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.39.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.106.2). (kembali) |
184 | mênêng. Bandingkan: kèndêl Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.106.6); maring (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.109.6). (kembali) |
185 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pun Juru Taman prapta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.159, Pupuh 29.78.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.39.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.39.10; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.109.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.106.10). (kembali) |
186 | angrambah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.159, Pupuh 29.79.7). Bandingkan: angrabasèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.40.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.107.7); angrêbasèng (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.110.7). (kembali) |
187 | nglêboni (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.40.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.40.9). Bandingkan: nglabuhi (Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.110.9). (kembali) |
188 | anggotongana (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.159, Pupuh 29.83.1). Bandingkan: kagotongan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.111.1). (kembali) |
189 | waduji. (kembali) |
190 | rèhe (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.113.3). Bandingkan: rêmbuge (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.46.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.46.3). (kembali) |
191 | pinêtak. Bandingkan: pinêtêk (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.50.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.50.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.118.4). (kembali) |
192 | Biasanya guru lagu e. Bandingkan: mulèh (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.54.3; Sêjarah sagung ing para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.123.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.122.3); aja sira cawe-cawe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.54.3). (kembali) |
193 | Bandingkan: padudon (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.54.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.54.9). (kembali) |
194 | Bandingkan: ing Mataram apan wis manira bêcik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.160, Pupuh 29.94.9); ing Mataram wismanira pan abêcik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.55.9); ing Mataram nagaranira abêcik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.123.9). (kembali) |
195 | Bandingkan: wisma Jipang tulus (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.56.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.56.7); ing Jipang wus lungguh (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.124.7). (kembali) |
196 | Kurang satu suku kata: lêhêng andika darbèni mangkin. (kembali) |
197 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: hèh sang duta mangkono kang karsa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.74.2). (kembali) |
198 | têmu pèk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.74.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.74.4). (kembali) |
199 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.164. (kembali) |
200 | Lebih satu suku kata: ulêsipun purnamasada dadi. (kembali) |
201 | Kurang satu suku kata: kakang Senapati Ingalaga iku. (kembali) |
202 | Lebih satu suku kata: lawan mimis sêlaka sèwu nênggih. (kembali) |
203 | Banjar (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Julid 1.164, Pupuh 30.6.6). (kembali) |
204 | ambêdhah (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.164, Pupuh 30.9.1). (kembali) |
205 | sorotipun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
206 | anjaluk (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.165, Pupuh 30.13.5). (kembali) |
207 | Lebih satu suku kata: yèn mêngakna lawang samitranèki. (kembali) |
208 | Lebih satu suku kata: mantri Pajang ki gêdhong samitrèki. (kembali) |
209 | Lebih satu suku kata: banyuningsun satètès sira niki. (kembali) |
210 | mulih. (kembali) |
211 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.167. (kembali) |
212 | cêcongklangan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.167, Pupuh 31.2.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.5.2). (kembali) |
213 | kandhangsule (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.167, Pupuh 31.6.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.9.4). Bandingkan: kadhangsule (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.9.3). (kembali) |
214 | Bandingkan: yèn aria maringsun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.168, Pupuh 31.10.4); yèn narima maringsun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.178.4). (kembali) |
215 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: padha èstri Dipati Dêmak ing mangkin (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.178.9). (kembali) |
216 | kunjara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.182.10). (kembali) |
217 | sukan-sukan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.183.2). (kembali) |
218 | sultan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.168, Pupuh 31.16.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.17.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.184.8). (kembali) |
219 | Bandingkan: Senapati (ra) sinéba ing mantri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.168, Pupuh 31.17.1.). (kembali) |
220 | Bandingkan: singangsana (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.185.3). (kembali) |
221 | têmbe (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.188.1). (kembali) |
222 | tunggoni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.169, Pupuh 31.21.2). Bandingkan: gugoni (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.189.2). (kembali) |
223 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kurange sêntananira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.169, Pupuh 31.23.8); kirange sanjatanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.24.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.24.8). (kembali) |
224 | Bandingkan: bawane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.25.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.25.1). (kembali) |
225 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang anduma wêwarisan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.27.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.27.8); andarbènana wasiyat (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.194.8). (kembali) |
226 | Bandingkan: cihna gêdhe kapurna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.28.6); cihna gêdhe kang purna (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.28.6). (kembali) |
227 | Bandingkan: wêwangunan Sultan Pajang nguni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.83.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.83.1). (kembali) |
228 | ênggonira (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.170, Pupuh 31.32.6). (kembali) |
229 | Bandingkan: na astana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.83.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.83.9); kang ngastana (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.200.9). (kembali) |
230 | Juminah (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.77.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.77.2; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 14.144.2). (kembali) |