Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 032–040)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 154r lanjutan] ---
32. Durma
[Sénapati Ingalaga lumurug dhateng negari bang wetan.[1]]
1. ênêngêna kang madêg nata ing Pajang |
--- [f. 154v] ---
kocapa ing Matawis | sampun awibawa | Senapati Ngalaga | miyos sineba ing mantri | kang para putra | sêntana samya nangkil ||
2. Kyai Măndaraka tansah anèng ngarsa | ikang tansah tinari | paman Măndaraka | kadipundi ing karsa | kawula yun ayêktèni[2] | ikang wirayat | jêng sinuhun ing Giri ||
3. Adipati Măndaraka adan mojar | wong sakêthi umiring | karsa pêkênira | Senapati ngandika | paman kalamun suwawi | Si Pangalasan | lumampaha mring Giri ||
4. angrêmbugi Adipati Măndaraka | Pangalasan tinari | sira lumampaha | marang Giri aliman | aturêna surat mami | Ki Pangalasan | tămpa surat pinundhi ||
5. sampun pamit Pangalasan sigra bubar | wong sawidak kang ngiring | tan kawarna marga | lampahipun akêbat | lumaku raina wêngi | pan kawarnaa | egal prapta ing Giri ||
6. pan kapagih suhunan dawêg sineba | para putra anangkil | miwah pra sêntana | pêpêk anèng ngayunan | dyan Pangalasan Matawis | ing wau prapta | linarapakên aglis ||
7. ingandikan Pangalasan maring ngarsa | sarta amawa tulis | winaca wardaya | dene ing panêmbahan | mèsêm sarya ngandika ris | Ki Senapatya | ing Mataram puniki ||
8. rêragane arsa yêktèni wirayat | kang tinêngga ing Giri | ing
--- [f. 155r] ---
mêngko lah iya | yakti dèn yêktènana | lumuruga taun mangkin | pun Pangalasan | mangkya anêmbah amit ||
9. ênêngêna ing Giri apagunêman | kawuwusa Matawis | Senapati Ngalaga |[3] kalanira sineba | yuyunên dènira nganti | dangu ingucap | Pangalasan duk prapti ||
10. Pangalasan praptane tanpa larapan | nulya sinapa aris | hèh ya Pangalasan | paran ta aturira | apa wêkase sang yêkti | sun arsa-arsa | mêngko ta sira prapti ||
11. nulya matur Pangalasan awotsêkar | ing wau kang wêwêling | Panêmbahan Ngarga | yèn linilan sakarsa | angandika Senapati | maring kang paman | Dipati Măndarèki ||
12. hèh ta paman kala rama ngiring sultan | duk asujud mring Giri | ing wulan Muhkaram | sêdya sun lumaksana | maring bang wetan puniki | wulan Muhkaram | kala dhawuhing jangji ||
13. ya ta make Senapati Ingalaga | sigra dènnya mutusi | dhumatêng ing Dêmak | lan maring Kalinyamat | adan prasamya cumawis | arsa tumindak | dhatêng nagri Matawis ||
14. wong Jagaraga samya wau asiyaga |[4] wong Pajang datan kari | milya lumuruga | marang nagri bang wetan | bala sadaya acawis | sasikêpira | kawarnaa Matawis ||
15. anyarêngi kala ing wulan Muhkaram | Ki Gêdhe Senapati | pan sampun adadan [adada...]
--- [f. 155v] ---
[...n] | mangkat sabalanira | datan kawarna ing margi | dèn kawuwusa | nêgara Surabanggi ||
16. kajinêmanira matur ing gustinya | kalamun wong Matawis | arsa lumuruga | dhumatêng ing bang wetan | Dipati Surabayèki | wus aputusan | sakyèh măncanêgari ||
17. ing Tuban Sidayu samya ngutusan |[5] Lamongan datan kari | myang nêgara wetan | Kartasana ing Malang | Pasuruhan myang Kadhiri | ing Wirasaba | ing Balitar lan Rawi ||
18. myang ing Majapura lawan Prigabaya | lan ing Langsêm[6] cumawis | Sumênêp Balega | sarêng lawan Mandura[7] | gêgaman nabrang tumuli | mring Surabaya | samya atata baris ||
19. wadya kumpul sagunge para dipatya | karsanira nyawisi | bok tuhu ing warta | tindake wong Mataram | sakarsane dèn tadhahi | sêdya anăngga | yudane wong Matawis ||
20. kawarnaa lampahe wadya Mataram | prapta jabaning taji | angantosi bala | kocapa sang dipatya | Panaragan dèn aturi | mring Adipatya | Madiyun rêmbag pikir ||
21. Raja Madiyun mangke aris anêbda | mring rajèng Panaragi | yayi adipatya | milanira sun undang | kadi punapa puniki | rêmbag andika | gènnya tugu nêgari ||
22. Senapati ing Mataram saya ngrêbda | ayun angosak-asik | jaman nusa Jawa | kabèh arêp dèn rata | kalamun dika suwawi | payo winarah | wong agung wetan iki ||
23. ya ta Adipati [Adi...]
--- [f. 156r] ---
[...pati] Panaraga mojar | sakarsanya nuruti | ing karsa andika | kawula tan suwala | Dipati Madiyun angling | ing karsaniwang | Mataram mumpung cilik ||
24. sun upama alyir gêni suku kunang | aniram[8] mupung cilik | sampuning arêmbag | Madiyun Panaragan | nulya aputusan aglis | mring Surabaya | sarwi amawa tulis ||
25. Pangalasan kang ingutus kêkêbatan | tanpa rowang pribadi | [...] | Dipati Panaragan | Dipati Madiyun aglis | amêpak wadya- | nira jawi kithèki ||[9]
26. wong Madiyun akèh anglarod[10] mring Pajang | jinabêl boya kêni | Dipati Panaragan |[11] kinêrig wadyanira | sasikêpira sumaji | pêpak ing kutha | ênêngana[12] ta mangkin ||
27. kawarnaa pangeran ing Surabaya | enjang sira tinangkil | pêpêk kang pugawa | miwah kang para putra | utusan Madiyun prapta |[13] saha wotsêkar | angaturakên tulis ||
28. hèh Pangeran Surabaya tampi surat | nulya winaca ngati | tanduking nuwala | patrap sampun kadhadha | Pangeran Surabaya ngling | Ki Pangalasan | aja sumêlang ati ||
29. Panêmbahan Madiyun lan Panaragan | yèn sêmbada lan mami | aja na wong cidra | sawetan gunung iya | Pangalasan kawan latri | nèng Surabaya | binoja siyang latri ||
30. ya ta pinusalin[14] sira Pangalasan | mangkya anulya pamit | natèng Surabaya | prajangjine wus rêmbag | nêgara bang wetan sami |
--- [f. 156v] ---
ngukuhi kutha- | nira samya acawis ||
31. wong Surabaya sampun apêpak sênjata |[15] jêjêl kang punang baris | Pangran Surabaya | mapan nora lumampah | anuduh ing para mantri | miyang sadaya | bubar kang bala sami ||
32. adipati bang wetan samya lumampah | patêmon ing Kadhiri | samya pamondhokan | sakilèning bangawan | ênêngêna rumiyin |[16] natèng Mataram | wau sira tinangkil ||
33. kajinêman matur yèn nagri bang wetan | arsa mêcah Matawis | ya ta Senapatya | anèng taji sêmana | kang inganti samya prapti | nanging wong Pajang | angadhang anèng margi ||
34. wong Sêmarang Dêmak lan wong Kalinyamat | Jêpara lawan Pathi | wus pêpak sadaya | tumut mring Senapatya | patêmon ing Pajang sigih | anulya bubar | saking Pajang nêgari ||
35. kêndhang gong sêsauran munya srang umyang | lir karêngèng ing langit | tan kawarna marga | wong Mataram wus prapta | amondhok kilèning kali | samya atata | ing Kali Dhadhung nênggih ||
36. Adipati Măndaraka ris aturnya | karsa dika Ki Bayi | boya anyabranga | sawetaning walahar | mojar Kyai Senapati | sêdya manira | kandhêg ana ing ngriki ||
37. wong lêlima mangke samya têteboka[17] | ing Kali Dhadhung iki | nêngêna saksana | kocapa sikêp wetan | prapta kilèning nagari | Madiyun ika | mondhok wetaning warih ||
38. lêt walahar sikêp wetan lan Mataram | pondhoke dèn pênêdi |
--- [f. 157r] ---
Senapati Nglaga | pinarak pasanggrahan | hèh ki paman Măndarèki | wong Panaragan | Madiyun kadipundi ||
39. Adipati Măndaraka ris angucap | lah ta rêke Ki Bayi | Madiyun Panragan | mapan tumut-tumuta | ya ta wau sampun mijil | mangke barisnya | dadi pangawat kering ||
40. anging sikêp Madiyun kang dèrèng mêdal | paran dayaning rèki | lah paman mindêla | watên daya manira | lah Adisara dèn aglis | sira mreneya | pun Adisara gipih ||
41. nulya prapta Kèn Adisara ing ngarsa | tumukul awotsari | punapa ngandikan | mangke Adi sampeyan | Senapati ing Matawis | lah Adisara | sun pundhut karyanèki ||
42. pun Adisara ya ta matur amlasarsa |[18] tan adarbèni urip | sumăngga ing tuwan | dalu miwah ing siyang | Senapati Ngalaga ngling | sira mlêbua | Madiyun iku nênggih ||
43. surat isun aturêna Panêmbahan | Madiyun dipun aglis | lah sira Disara | sarta apêpaèsa | dèn kaya wong angugahi | pinasang mapan | paèsira dèn bêcik ||
44. adan paès Nyai Gêdhe Adisara | warnanira lir putri | raja ing Mataram | aris dènnya ngandika | lah Wurung sira dèn aglis | wong baturira | konên acawis joli ||
45. pun Wurung myang Gêdhong ya undhang-undhang |[19] wong batur sami cawis | joli wus sumadya | Raja Mataram mojar | hèh
--- [f. 157v] ---
Wurung sira dèn aglis | lan agawaa | wongira kalih dèsi ||
46. lawan sira dèn yitna goning rumaksa | mring Adisara iki | mênawa wong wetan | atakon marang sira | warahên kalamun mami | arsa nukula | marang Madiyun mami ||
47. Adisara wêkas ingsun marang sira | mênawa sira mangkin | ginagu[20] ginebang | dening kang paranakan | miwah êmbahan pribadi | ya lakonana | anging aja sayakti ||
48. risampunnya tutug dènira mêmêkas | Kèn Adisara amit | joli tinitihan | lawan abêkta surat | sinamiran wastra putih | pinandhi sira | surate Senapati ||
49. sarta upacara ing ngarsa lêlancang | samya asamir abrit | lawan pangadudan | bakor sêlaka ngarsa | kêkacu mas sawunggaling | nulya lumampah | payung agung marapit ||
50. Adipati Măndaraka aris mojar | mangke paran karsèki | ya ta Senapatya | mèsêm dènnya ngandika | sun prih gebange sadhidhik | gisira manah | Dipati Madiyuni ||
51. lampahira mangke Nikèn Adisara | anêrajang ing baris | wong wetan atanya | joli punapa ika | saurira tan asari | ya wruhanira | nênggih Raja Matawis ||
52. asrah panênungkul marang ing Madiyun ika |[21] ya ta wong wetan angling | mêngkana wuwusnya | kasompok wong Mataram | baya angrasaa wêdi | mring Panêmbahan | Madiyun dèn tukuli ||
53. lah bakite wong Mataram duk [du...]
--- [f. 158r] ---
[...k] kasoran | anungkul dèn takoni | wêruh ing awaknya | angrasa tan kawawa | amusuh wong wetan iki | mingkor[22] katingal | asmune brăngta kikin ||
33. Asmaradana
[Wadya Mataram mengsah wadya bang wétan. Wadya Mataram ngrisak negari Madiyun.[23]]
1. kocapa Madiyun nagri | abaris sajroning kitha | dipati ing Madiyune | dawêgira sinewaka | pêpêk para mantrinya | panêmbahan ing Madiyun | akarsa mangkat ing benjang ||
2. dipati bang wetan sami | pagunêman nèng pondhokan | pangeran ing Madiyune | ikang inganti wêdalnya | apa iki karannya | ing Madiyun nora mêtu | têka mêmarahi kêmba ||
3. tan kawuwusa ing mangkin | ing Madiyun kawarnaa | samya agunêm dadine | dèrèng tutug dènnya rêmbag | kalawan kang pugawa | kasaru Disara rawuh | jumêrajog[24] mring paseban ||
4. Kèn Adisara nungkêmi | kang sampeyan panêmbahan | sakèhe para mantrine | samya agawok tumingal | yèn ngucapa ing nala | wong ngêndi baya kang rawuh | praptane nungkêmi pada ||
5. Dipati Madiyun angling | ya babo wong ngêndi sira | miwah sêntana atakon | ngêndi baya umahira | lan sapa aranira | lah matura aja gugup | yèn utusanane sapa ||
6. Kèn Adisara tan angling | dangu wêkasan angucap | amlasasih pan ature | nênggih kawula utusan | putra ing jêngandika | Senapati Ngalagèku | kawula ikang parêkan ||
7. kawula ingutus gusti | dhumatêng ing panêmbahan | angaturêna surate | putra dika [di...]
--- [f. 158v] ---
[...ka] Senapatya | katura panêmbahan | pun Senapati anuhun | asru gènnya namur lampah ||
8. Dipati Madiyun angling | sarta nampani kang surat | panêmbahan ngandika lon | hèh anak isun Mas Lonthang | wacanên ikang surat | ya ta Mas Lonthang agupuh | anêmbah nampani surat ||
9. nulya winaca kang tulis | ya ta binuka ngayunan | pèngêt kawula wiyose | kaatura panêmbahan | ing Madiyun punika | mapan kawula anuwun | boya yèn si amusuha ||
10. dhumatêng andika sigih | tan samar pun Senapatya | yèn ulun iki abdine | lan malihe panêmbahan | wong Madiyun sakyèhnya | ikang angusi rumuhun | kang agriya watên Pajang ||
11. kawula anêdha tulis | ing cacahipun sadaya | sarta naa putusane | kang mangsulakên têtiyang | pan kawula andhadhah | kawula batên ngapêlu | yèn amusuha panduka ||
12. suwawi kawrat ing tulis | Dipati Madiyun mojar | bêcik yèn tuhu mêngkono | lah matura anak iwang | dèn piyandêl ing manah | pan isun tan nêdya musuh | mring ki anak Senapatya ||
13. dening wong wetan sakèhing | pan sêdya musuh Mataram | ana ing karsane dhèwèk | Kèn Adisara aturnya | sarya sira anêmbah | punika rêke pukulun | antakanisun kinakyan ||
14. patakone Senapati | Ngalaga dhatêng kawula | punapa andika mangke | abaris kalawan boya | punapa tur kawula | panêmbahan ing Madiyun |
--- [f. 159r] ---
alon dènira angucap ||
15. lah iya isun abaris | isun anyawisi iya | karêpe wong wetan mangke | nanging isun nora niyat | amusuha Mataram | anadening baris ingsun | ăndhamoi bubarêna ||
16. ăndhamoi mangkat aglis | pan sampun amit anêmbah | wus binubarakên kabèh | wadya mulih sowang-sowang | dat sêdya-sinêdya |[25] ăndhamoi nulya matur | yèn sikêpira wus bubar ||
17. Adisara matur aris | kawula anuhun duka | mênawa taksih kêmbane | manahipun Senapatya | dene ing jêngandika | tan abêktani wêwangsul | surat kabêktèng kawula ||
18. yèn suwawi kalih gusti | kawula mangke anêdha | kêkaloh[26] ing sampeyane | panêmbahan aris ngucap | lah iya Adisara | mangkya Dipati Madiyun | angumbah ing suku karya ||
19. Adisara anadhahi | marang ing bokor kancana | anulya tinampan age | dèn gawe cina anunggal | panêmbahan gya mojar | Kèn Adisara amuwus | matura ing anak iwang ||
20. dèn pracaya marang kami | yèn isun nora asêdya | gawene wong wetan mako | isun tan milu-milua | mangkya Kèn Adisara | amit anêmbah pukulun | saking ngarsa panêmbahan ||
21. mêtu jaba kitha aglis | samarga dadi totonan | Adisara lon wuwuse | hèh wong Madiyun dèn enak | atinira kang yitna | Ni Adisara wus mêtu | saking Madiyun sêmana [sê...]
--- [f. 159v] ---
[...mana] ||
22. Măndaraka matur aris | dhatêng Kyai Senapatya | punapa karsa sang katong | ing mangke pan sampun prapta | Adisara punapa | yèn suwawi lan sang prabu | barise wong Panaragan ||
23. dening punika amêncil | yèn suwawi linampahan | ginêcak sadina mangke | Senapati angandika | lah paman sabarêna | ing dina Kêmis sun mêtu | sun miyosi ing ayuda ||
24. glising carita wus prapti | ing dina Kêmis sêmana | wong Mataram dandan kabèh | sakaprajuritanira | Senapati ngandika | sakèhe gêgaman agung | padha kèndêla kewala ||
25. sun lampahane pribadi | lan sakèhing kang prawira | bupati lawan mantrine | puniku kang isun bêkta | samya nuganga kuda | dèn gawe gêgamanipun | sadhêmên-dhêmêne dhawak ||
26. panêmbahan wus lumaris | anitihi kudanira | Puspakancana namane | ulêse mêkar campaka | kathahe kang prawira | kêkapalan kalih atus | sampun lumampah sadaya ||
27. wus prapta ing pêrnahnèki | barise wong Panaragan | winêton saking kidule | rada kapering kawutat | Senapati tumingal | wong Panaragan pan agung | pan ênting sukaning nala ||
28. alyir kadi aningali | rara ayu pinaesan | wong Panaragan katukul |[27] anulya sira nêrajang | Senapati Ngalaga | sawadyane samya ngamuk | wong Panaraga puyêngan ||
29. tan kabêr[28] anglawan jurit | dening sampun kalêbêtan | tanbuh rowang buh mungsuhe | dipatine wus lumajar | kalawan mantunira | wong cili padha mêmisuh [mê...]
--- [f. 160r] ---
[...misuh] | maring wong Madiyun ika ||
30. pêgene Madiyun iki | nora amêtoni yuda | pan saking kene purwane | wong bang wetan sami prapta | angajak agêcaka | iya mring Mataram iku | purwane ana ayuda ||
31. mêngko têka ngapirani | nora nana atulunga | pan isun sampu[29] kadhasok[30] | Senapati sampun mirsa | wuwuse tiyang kathah | agarjita manahipun | amicarèng jroning nala ||
32. kalingane karya iki | saking Madiyun mulanya | lah iya sapa witing wong | ala winalêsa ala | pan rêbut panjênêngan | pan isun darma lumaku | Yyang Sukma murba misesa ||
33. mapan kasaput ing wêngi | wong Panaragan lumajar | angusi maring kuthane | pan sampun ainêb lawang | Senapati Ngalaga | sawadyane sampun kondur | mantuk dhatêng pasanggrahan ||
34. kawarnaa sira enjing | wong agung bang wetan nata | arsa angantêp jurite | bupatine wus siyaga | pangage sarya pelag | pugawa pan sampun kumpul | padha anata gêgaman ||
35. prawira padha winarni | têguh tate tau tatal | yèn tinumbak latah bae | yèn binêdhil pan gumuyya | ngujiwati gêgaman | lir gunung murub dinulu | kadi wana kawêlagar ||
36. lampahe sang adipati | balanira ambalabar | lamun tinon ganderane | kadi ulung arêratyan | lêlayunira amyang | umbul-umbul lir kêkuwung | angêbêki ara-ara ||
37. syarane agêgilani[31] | alyir karêngèng awiyat | kuda kadi
--- [f. 160v] ---
angge-angge | kang nitih kulambi pêthak | ana ikang sêngkêlat | alas sadaya wus gêmpur | kaèbêk dening gêgaman ||
38. kocapa Raja Matawis | sampun ingatur uninga | wong wetan age lampahe | Senapati angandika | lah paman Măndaraka | tatanên wadyaning rèku | ing prênahe sowang-sowang ||
39. si adhi mas Singasari | dadia pangawat kiwa | si adhi Pathi rowange | kalawan wong Kalinyamat | wong Dêmak nyambungana | dening wong Pajang puniku | kalawan wong Jagaraga ||
40. milua kang Mangkubumi | anèng têngên pêrnahira | wong Kajoran milu kabèh | si paman ing Măndaraka | dadia gêgunungan | nindhihi gêgaman agung | sarta lan têngêran iwang ||
41. Măndaraka matur aris | dhatêng Kyai Senapatya | kadipundi karsa katong | andika anindhihana | gêgaman agêng ika | panêmbahan ngandika rum | lah paman karsa manira ||
42. anyidra ing lampah mami | angirid wong jêjaranan | anaa wong kalih atus |[32] iya kang manira gawa | kang wus padha prawira | ênggènipun tan ataguh[33] | sakarsa-karsa manira ||
43. wus têlas dènnya mêmêling | Senapati Ingalaga | sigra nitih ing kudane | kang aran Puspakancana | ulês sêkar campaka | Kyai Juru atut pukur | tan atêbah lan kang putra ||
44. sakèhe para prajurit | rongatus anitih kuda | angiring maring sang katong | sang nata sampun lumampah | karsanira anyabrang | sênêtan ing karsanipun | ing mangke sampun anyabrang ||
--- [f. 161r] ---
45. Măndaraka sira angling | mring sakèhing pra dipatya | lah nêdha atata kabèh | anglampahi kang parentah | Senapati Ngalaga | yèn muni têngêranipun | pêkênira ta ja gantya |[34]|
46. sampun atata kang baris | ing prênahe sowang-sowang | Măndaraka sigra bêndhe | Ki Bicak munya angakang | wong Mataram miyarsa | gêgaman pan sarêng laju | surak lir karêngèng wiyat ||
47. wong agung wetan ningali | yèn wong Mataram anyabrang | sigra atêngara age | gêgaman sami kumêrab | amapag wong Mataram | anulya sira acampuh | tan ana asor kang yuda ||
48. arame asilih ukih | surak lir karêngèng wiyat | kumarutug sunapane | syarane bêdhil lir gêlap | kasanga asauran | syaranya lir gunung rubuh | lir gêlap sayuta tawang ||
49. kukusing sundawa gêni | pêtêng dhêdhêt alimêngan | lir têngah wêngi pêtênge | tambuh musuh tambuh rowang | panêmbahan tumingal | kang apêrang sampun kuwur | anulya sira nrêrajang ||
50. prajurit rongatus sami | sarêng anyamêthi kutha[35] | sing ngiringan panrajange | wong agung wetan uninga | kalamun Senapatya | mêtu kiwa saking kidul | jaran rongatus rowangnya ||
51. dipatine samya angling | hèh wong batur ika sapa | jêjaranan mêtu kidul |[36] kang ngirid kulambi tambal | kaya Ki Senapatya | wong wetan kabèh wus wêruh | kalamun Ki Senapatya ||
52. gêgamane wus binalik [bina...]
--- [f. 161v] ---
[...lik] | ngarêpakên Senapatya | nanging amung prawirane | sadaya anèng ing wutat | anging kang anèng ngarsa | maksih apêrang acucuh | nênggih kang para prawira ||
53. sadaya anèng ing wuri | sampun angingêr gêgaman | Senapati prapta age | nêrajang saking ngiringan | nanging ta katadhahan | wong rongatus sami ngamuk | anging ta kakehan lawan ||
54. tandange wadya Matawis | kadya sima asêsuta | kadi banthèng kalêlaton | anumbak nuduk angrujah | nanging kakehan lawan | gajur[37] akathah kang putung | angamuk karo curiga ||
55. Senapati dèn kathahe |[38] sakèhe para prawira | sadaya ngrubut angrayok[39] | sinasog ing gajur atap | binêdhil binangkolang | tawok lêmbing kadi jawuh | Senapati tan katingal ||
56. manahira Senapati | nora sangsaya mirisa | dadi sukane manahe | nanging ta kakehan lawan | Kyai Juru tumingal | yèn kang putra kinarubut | paningalira yèn sayah ||
57. Kyai Juru anyêlani | nêrajang saking ngiringan | amung karo camêthine | sakathahe kang gêgaman | sinabêt samya tatas | landheyan prasamya rampung | wong bang wetan apuyêngan ||
58. ebat sira aningali | dhatêng Kyai Juru ika | sarêng kalawan putrane | Senapati Ingalaga | tan ana braja tumrap | kalawan pangamukipun | wadya kalih atus ika ||
59. wong wetan akèh kang mati | samya gègèr apuyêngan | wus lumayu bupatine [bupati...]
--- [f. 162r] ---
[...ne] | sikêp kang anèng ing ngarsa | kabêrêg kathah pêjah | wong Mataram samya buru | wong bang wetan kathetheran ||
60. akathah mati tan kanin | pan pêdhot ing napasira | wanèh nusup ing garombol | wong bang wetan sampun sirna | sakarine kang pêjah | sadaya sampun lumayu | mring nêgara sowang-sowang ||
61. wong cili akèh kang mati | prajurite kathah pêjah | miwah kalawan pamuke | pêpati tan kêna ngetang | kocapa Senapatya | arsa laju mring Madiyun | maksih anitih turăngga ||
62. Kyai Juru angling aris | lah ki jêbèng Senapatya | jaranira tingal ingong | kaya anêmahi pêjah | kapalan nulya rêpah[40] | Ki Senapati amuwus | dahwe[41] paman pêkênira ||
63. wruhanira ta puniki | patine jaran manira | lagya lisir kang srêngenge | make ngarêpakên asar | Kyai Juru ngandika | satêmêne ujar isun | ikang jaran aran pêjah ||
64. Senapati sampun salin | kuda ran pun Butayuda | nilakăntha pan ulêse | sampun sira angandika | mring sakèh wadyanira | lah ta nara Madiyun |[42] padha sira bayongana ||
65. pan iku uwiting kardi | yèn abăngga patènana | jarahên kêbo sapine | wong Mataram wus tumandang | sigra samya rêrayah | binayong nak rabinipun | ikang băngga tinumbakan ||
66. wong Madiyun aningali | polahira wong Mataram | nora anyana atine | kalamun [kala...]
--- [f. 162v] ---
[...mun] ta dèn rusaka | dening sampun aeca | pêpadone gustinipun | mangke têmahan rinusak ||
67. sakathahing wong ing dèsi | lumayu angusi kutha | wong Mataram buru kabèh | kang kacandhak tinumbakan | wong cili kang lumajar | akèh kang ngusi ing gunung | wong desa abilunglungan ||
68. Pangeran Madiyun makin | sampun ngaturan uninga | yèn wong desa wus binayong | ikang băngga tinumbakan | panêmbahan ajola[43] | manahe asru gêgêtun | risake ginuladrawa ||
34. Dhandhanggula
[Panembahan Madiyun sagarwa putranipun késah saking Madiyun. Putra èstri tinilar ing Madiyun, lajeng kagarwa déning Sénapati Ingalaga. Sénapati Ingalaga gecak negari Pasuruhan.[44]]
1. panêmbahan ing Madiyun angling | nora nyana isun wong Mataram | têka mêngkene polahe | wong Mataram puniku | sun arani marta wisèki | marta lair kewala | wisa atinipun | panêmbahan angandika | mring garwane miwah ing putraning rèki | lah padha adandana ||
2. panêmbahan putrane kêkalih | pambajênge èstri ayu endah | ikang lanang wuragile | Mas Lonthang wastanipun | karsanira sri narapati | putra èstri dèn tilar | anèng ing kadhatun | lah nini sira karia | mapan sira kang rinêbut ing ajurit | dening Ki Senapatya ||
3. wus pantêse wong bêdhah nêgari | abêbayong jarah rajabrana | kang kalah kêna putrine | lah karia nak isun | atugua puraning rèki | wong dalêm kang sapindhah | iku sun kon kantun | sang putri amêlasarsa [amêlasar...]
--- [f. 163r] ---
[...sa] | dening wau ing rama tinilar ugi | tangise lara-lara ||
4. adhuh rama nora bisa kari | isun milu ing salampah dika | kang ibu asru tangise | dhuh nyawa anak isun | kaya ngapa polahing rèki | tinilar ramanira | wong dalêm pan umyung | kang tangis datanpa rungyan | kang sawanèh ana kang niba ing siti | ana kang gêblog jaja ||
5. apuyêngan wong dalêm jro puri | bilulungan sangêt ajrihira | sang nata anglês manahe | angling mring garwanipun | lah ta payo dadana aglis | apan ta anakira | srahêna Yyang Agung | sang putri nangis alara | ikang rama anulya angarih-arih | nini sira karia ||
6. iki kêrisipun nini putri | kang sawiji sun tilar mring sira | pan Si Gumarang arane | mênêng dènira muwun | sang aputri nampani kêris | ciptane ing wardaya | isun kinèn kantun | sêmăngsa mangke katona | Senapati pasthine sun bêdhil iki | sun tumbak ing talêmpak ||
7. sampun bubar sira sri bupati | pan kalindhih ingobong-obongan | sampun andhêsêk gênine | mantri arêbut dhucung | palayune kuwalik-walik | angusi ing bang wetan | wanèh ngusi gunung | sang nata palayunira | ngalor ngetan Wirasaba kang dèn usi | kalawan ikang garwa ||
8. Ki Mas [Ma...]
--- [f. 163v] ---
[...s] Lonthang palayune rèki | Surabaya wau kang dèn arah | mantrine akèh parane | sami arêbut dhucung | kawarnaa ikang akari | rajaputri punika | anèng jro kadhatun | pan sampun angèsthi pêjah | panyinane yèn praptaa Senapati | pasthi isun talêmpak ||
9. sampun prapta gêgaman Matawis | kutha Madiyun sampun kinêpang | wusa katur pawartane | yèn putri ing Madiyun | dipun tilar sajroning puri | wus katur panêmbahan | suka ing tyasipun | sampun sira linêbêtan | sapraptane ing latar sa dyah ningali | yèn Senapati prapta ||
10. ciptanira sang dyah ing jro ngati | lah ta mêngko Senapati pêjah | aglis anyandhak kastule[45] | Senapati binastul | kalêrêsan jajane rèki | nanging ta nora pasah | mèsêm nulya laju | sa dyah anyandhak talêmpak | tinarajang Senapati tan gumisir | mèsêm sarya ngujiwat ||
11. sang aputri angêntèkên[46] budi | nulya mundur maring pasareyan | tinarik sigra dhuwunge | Gumarang wastanipun | panêmbahan ika ningali | anulya sira nêbda | micarèng ing kalbu | iki ta agawe răndha | yèn pêksanên tan wande abêbayani[47] | Senapati nèng lawang ||
12. ciptanira sang dyah ing jro galih | baya sira nora mangan sêga | nora pasah iki mangke |
--- [f. 164r] ---
ngong suduk kêris isun | Senapati anulya ligih | anèng têngahing lawang | sarwi sira ngrurum | rinungrum saking kadohan | ngarih-arih Senapati ngasih-asih | nanging sarwi prayitna ||
13. angandika Kyai Senapati | dhuh kusuma kawula anêdha | pangapuranira agèr | akathah sisipipun | dhuh kusuma saliring sari | kawula tan asêdya | angrusak Madiyun | pan saking tiyang andika | wong Mataram tan kêna sun parentahi | têka padha angrayah ||
14. saking alane wadya Matawis | gustinisun saliring kusuma | isun lampahi ukume | apa karsane rèku | apan isun kang adhadhani[48] | suka yèn pêjahana | ing saliring santun | nanging ta cipta kawula | amung sira kang sun rêbat ing ajurit | tansah kaciptèng nala ||
15. suka isun nêmahana pati | saking tan ana lyan katingalan | mung sira ta musthikane | wong sanagri Madiyun | lah ing make kawula gusti | suka yèn pêjahana | saking luput isun | nêgara nêmahi rusak | saking isun tan kèdhêp mring wong Matawis | lah gusti pêjahana ||
16. Senapati anglasod nèng siti | ngasih-asih saking ing kadohan | anêlasake polahe | dhuh gusti dewanisun | ukumêna pun Senapati | saking sisip kawula | tan lênggana kayun | nanging ta panêdhaniwang | jêngandika mas ayu tulusa asih | angapura [a...]
--- [f. 164v] ---
[...ngapura] ing dosa ||
17. sang aputri manahnya kagimir | amiyarsa ya ta pangandika | Senapati pangrurume | sariranira lêsu | ayunira pan alasosi |[49] cape panyêkêlira | dhuwung nulya runtuh | panêmbahan wus uninga | yèn sang putri kagimir ebat ningali | dhuwung yèn sampun gigal ||
18. Panêmbahan sigra amarani | pan cinandhak dhuwung kang lêligan | sinarungakên wrangkane | ingage tan asantun | sang aputri nulya sinandhing | tansah rinêpa-rêpa | adhuh gustinisun | kawula batên anyana | jêngandika angapura marang kami | marga saking curiga ||
19. lah ing mangke kêrisira gusti | sun arani Maosigupita | dene punika margane | andika sih maringsun | nanging sêng[50] dyah tan anauri | maksih cêngêng tumingal | tyasira gêgêtun | ping kalih maksih karasa | ing rusake nêgara Madiyun iki | lungane kang sudarma ||
20. Panêmbahan tansah ngarih-arih | pan adangu gènira wêcana | malah surup srêngengene | gumanti dalunipun | Panêmbahan maksih rêrêngih | dhuh gusti jiwaniwang | ngandikaa masku | anatmataa kawula | pan manira sêdyanisun ing Matawis | pan arsa angawula ||
21. nora nyana yèn pinapag jurit | kamuritên atêmahan rusak | wong bang wetan kang agawe | wong Mataram wus bingung | nora kêna sun parentahi [pa...]
--- [f. 165r] ---
[...rentahi] | têka padha rêrayah | ing pakepas isun |[51] pan dika angapuraa | sakathahe dosane wong ing Matawis | dika kang ngapuraa ||
22. Panêmbahan tansah ngarih-arih | pangrurume ngêntèkakên karsa | sang dyah kagimir manahe | anyiwêl sarya garut | Panêmbahan suka ing galih | lah mêngko ingsun gêsang | sarwi sira ngrangkul | sang dyah sarya ngaras-aras | sampun tutug gènira apulang rêsmi | sadalu datan nendra ||
23. wus raina pan arsa tinangkil | sampun miyos sira sinewaka | pêpak kabèh samantrine | miwah sêntananipun | Măndaraka pan sampun prapti | aligih ngarsanira | sira sang aprabu | Kyai Juru tan atêbah | adipati ing Pathi pan sampun prapti | pan aduwe pangrasa ||
24. aningali mring kang raka iki | pan asalin warnanira saban | lir pangantèn pasêmone | micarèng jroning kalbu | kaya ngapa kang Senapati | tan arsaa bubaran | lawas nèng Madiyun | iya dhèwèke akrama | mapan isun nora agawa pawèstri | pan isun nora bêtah ||
25. nulya apamit Dipati Pathi | lah ta kakang kawula punika | sampeyan alimi mulèh | ing Pathi watên musuh | wingi sore utusan prapti | angaturi uninga | pun bojo kang ngutus | kawula kinèn mantuka | dadya mangke kawula anuwun pamit | mantuk dhatêng Santênan ||
26. Panêmbahan angandika aris [a...]
--- [f. 165v] ---
[...ris] | yèn kênaa yayi pêkênira | aja sira age mulèh | yèn Pathi ana musuh | bênjang isun kang anglampahi | Dipati Pathi mêksa | kêdah amit mantuk | saduka-duka sampeyan | pan kawula anuwun mulih ing mangkin | Panêmbahan ngandika ||
27. lah ta ana karsanira adhi | mapan sira tan kêna sun pênggak | kudu sira mêksa mulèh | dipati awotsantun | nulya bubar asêmu runtik | lampahe gêgancangan | kang anèng Madiyun | Senapati Ingalaga | angandika mring sakèh para dipati | lirna Ki Măndaraka ||
28. ya ta mangsuli caritèng malih | ikang nama nênggih Măndaraka | kang darbe suta wiyose | punika Kyai Juru | kang pêputra Măndarakèki | Senapati Ngalaga | lintang asihipun | dhumatêng Ki Măndaraka | Panêmbahan Senapati ing Matawis | arum wijiling sabda ||
29. wruhanira ta si adhi Pathi | arsa balik amusuh Mataram | Mandaraka sru ature | punapa milanipun | jêngandika mojar kayèki | Senapati ngandika | wus karsa Yyang Agung | apa kakang winicara | lah ing mêngko manira arsa nglampahi | nagara Pasuruhan ||
30. lah ta kakang bubarêna mangkin | wadyanira gêgaman Mataram | Măndaraka sigra bêndhe | wong Mataram pan sampun | asiyaga atata baris | anulya sigra bubar | gêgaman [gêgama...]
--- [f. 166r] ---
[...n] lir gunung | Panêmbahan sampun mangkat | anèng wuri ginarêbêg para mantri | lumaris lampahira ||
31. tan kawarna ing marga wus prapti | Pasuruhan nulya masanggrahan | abaris mubêng tatane | ênêngêna rumuhun | kang kocapa sira Dipati | Pasuruhan arêmbag | lawan mantrinipun | karsa mangke anungkula | kang kinarya tuladha ikang rumiyin | kalahe wong bang wetan ||
32. Adipati Pasuruhan angling | lah sakèhe para mantriniwang | ing mangke apa karsane | wong Mataram wus rawuh | arsa gêcak marang sirèki | nanging pangrasaniwang | ing mêngko amêthuk | tur sira măngsa mênanga | atêmahan agawe rusak wong cili | angur padha nukula ||
33. watên dipatinira sawiji | pêpalayon saking Balambangan | Kanitèn nênggih wastane | anulya sigra matur | pan kawula batên suwawi | yèn andika nukula | kawula pan purun | amungsuha wong Mataram | anglawana prakosane Senapati | angadua karosan ||
34. sagêndhinge pan kawula wani | angadua sapucuking tumbak | tandhing atosing kulite | pan akantara bau | silih ukih kawula wani | têka dipun totona | kawula ing besuk | turuna surak kewala | sakathahe wong Pasuruhan ing benjing | kawula kang maguta ||
35. sajêg kawula [kawu...]
--- [f. 166v] ---
[...la] urip puniki | dèrèng uninga rasaning sêga | amung mangan kunir bae | mênawa tan kayèsu[52] | Senapati nora kacaking[53] | mastakane deningwang | pan kawula purun | igih sampun kula sêdya | salawase Senapati ing Matawis | ing mangke kêparêngan ||
36. Adipati Pasuruhan angling | yèn mêngkono mêngko karsanira | isun asrah ing dhèwèke | sakèhing wadyanisun | Pasuruhan sira uyuni | apa sakarsanira | isun nora milu | Kanitèn sigra tur sêmbah | dèn pracaya sampeyan watên ing wuri | têka ngeca-ecaa ||
37. Adipati Kanitèn sira glis | asuwara mring wong Pasuruhan | padha siyagaa kabèh | tontonên pêrang isun | lawan Senapati Matawis | padha turuna surak | anèng wurinisun | sampun sami asiyaga | sigra mangkat nêngêna ikang rumiyin | kocap baris Mataram ||
38. Panêmbahan sineba ing mantri | para kadang pêpêkan sadaya | Mandraka tansah ngarsane | angandika sang prabu | lah ta kakang Mandraka mangkin | kalawan sanak iwang | aja ana milu | sira nataa gêgaman | baris agung kalawan têngêran mami | kang sira tindhihana ||
39. wruhanira iya musuh iki | mapan awrat yèn sira sănggaa | nora kêna
--- [f. 167r] ---
lênthe-lênthe | apan pangrasanisun | yèn sisipa abêbayani | Măndaraka lon mojar | matur mring sang prabu | ing mangke kadi punapa | sakathahe para kadang lawan mami | batên kadi kabêkta ||
40. Panêmbahan angandika malih | lah ta kakang ing karsa manira | anamur apan musuhe | nanging wong kawan puluh | kang sun gawa dharata sami | waos cêmêng dèn bêkta | kulambia wulung | lah ta kakang poma-poma | aja sira obah-obah ikang baris | yèn sun durung karuhan ||
41. sigra mangkat Kyai Senapati | anitihi mangke kudanira | pun Campuris ing wastane | cêmêng ing ulêsipun | pinangagèn[54] warnanya sami | Panêmbahan rasukan | wulung udhêng wulung | sabukipun cêlêng ika | nyamping wulung yèn tinon sampun ngêntèni | prajurit tan sisihan ||
42. Kyai Juru tansah anèng wuri | sigra mangkat aris lampahira | wong patang puluh rowange | mapan sampun kapêthuk | Adipati Kanitèn kalih | Senapati Ngalaga | Kanitèn amuwus | lah sira iki wong apa | angadhangi ing lampah isun puniki | êndi Ki Senapatya ||
43. angandika Kyai Senapati | ika sapa kang anèng
--- [f. 167v] ---
ing wutat | nindhihi gêgaman gêdhe | ya ika gustinisun | sabature rajèng Matawis | isun ikang lêlurah | numbak cêmêng iku | kathahe mung kawan dasa | apan kinèn isun amapaga jurit | anglawana ing sira ||
44. Adipati Kanitèn sigra ngling | pan alênggak[55] sarwi latah-latah | sira iki pêksa ngêne | gènira pêksa isun | kudu arêp musuh ing kami | apa ora miyarsa | yèn isun pinujul | sira dudu musuh iwang | Senapati pantês lawan isun jurit | lah ta sira mirea ||
45. Panêmbahan angandika aris | nora gêlêm isun yèn mirea | isun anglakoni pakèn | kinèn amapag musuh | lamun isun durung ngêmasi | tan purun amundura | Kanitèn lumaju | nanging mêksa ingadhangan | Adipati Kanitèn sigra dènnya ngling | sira iki wong apa ||
46. dening ta lumuh ginawe bêcik | apa sira kang amukasana[56] | Mataram iki jurite | Panêmbahan amuwus | iku durung sêmono mami | apan isun kawula | ing pangrasanisun | lamun ta manira tiwas | wong Mataram tan ana măngga apulih | wania kêmba-kêmba ||
47. Adipati Kanitèn sru angling | yèn mêngkono kaya ujarira | sun ladèni sira mangke [mang...]
--- [f. 168r] ---
[...ke] | dèn prayitna sirèku | datan ana gisir ing jurit | lah mara têkakêna | karosaning rèku | Panêmbahan angandika | lah ta payo karsanira sun ladèni | aja na angucira ||
48. wus kinêtab kudanira kalih | sampun têmpuh lawung pan agêbang | gêbang-ginêbang arame | suraknya pan gumuruh | asauran wadya Matawis | kalawan Pasuruhan | gamêlane umung | sampun larih-linarihan | kang ajurit tan ana ikang kalindhih | sami prakosanira ||
49. Adipati Kanitèn larihi[57] | pan tinumbak Kyai Senapatya | tan gumisir ing luguhe | pinindho pining têlu | tan gumisir Ki Senapati | Kanitèn kasayahan | têlas budinipun | asuwe tumbak-tinumbak | sami sayah kalihe gènnya ajurit | samya prawiranira ||
50. wadya surak lir karêngèng langit | asauran surakira umyang | lir udan tibèng pajatèn | alyir ta gunung gugrug | kadi ombak ikang jaladri | Kanitèn arsa numbak | kapale sang prabu | ciptaning wardayanira | sok tibaa sira mêngko sun kakahi | kuda sigra tinumbak ||
51. pan tinumbak pêpathaking rèki | kapalira Kyai Senapatya | abandhang nandêr mangilèn | Kanitèn alok asru | aja sira lumayu ugi | lah ta sira balia | aja [a...]
--- [f. 168v] ---
[...ja] sira kondur | Panêmbahan angandika | mapan sira apêrang angucirani | kaya dudu prawira ||
52. têka jaran kang sira larihi | nulya sira Kyai Senapatya | binalèkakên kudane | cinandhak Kyai Juru | lah ta mangke jêbèng dèn ririh | pan sira rèrèhana | wong ika atêguh | sira têdhanên Yyang Sukma | nulya sira Senapati anungkêmi | sarwi sira asalat ||
53. anênêdha maring ing Yyang Widi | pangèsthinira sajroning nala | gampangêna ing kalahe | Senapati anêngku | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | sampun padha tingalira | Senapati anulya sira atangi | waosipun tinatap ||
54. hèh Palèrèd sun jaluk sirèki | gawenira sapisan kewala | wong ika prihên butule | wong Pasuruhan umyung | surakira awanti-wanti | Panêmbahan wus mangkat | pan sampun kapêthuk | Kanitèn sigra sru mojar | baya sira pantèn bali wani maning | măngsa sira mênanga ||
55. Panêmbahan sigra anglarihi | mring Kanitèn gêgandhu tinumbak | Kanitèn kagyat tibane | anulya sira lumpuh | datan sagêd atangi maning | sariranira lupa | tan adarbe bayu | Senapati angandika | lah Kanitèn apa karsanira ugi | Kanitèn sigra mojar ||
56. tan adarbe karsa
--- [f. 169r] ---
isun iki | isun iki pan dadi bêbathang | sakarsanira tan anglès | yèn kênaa sun jaluk | patènana isun dèn aglis | Senapati ngandika | isun datanpayun | amatènana ing sira | Senapati anulya amundhut aglis | jaran wadon kang pincang ||
57. nulya katur jaran tan asari | apan nora wau ngage rarab | pangon ika kundhaline | Panêmbahan amuwus | lah Kanitèn sira dèn aglis | muliha Pasuruhan | matura gustimu | apan ta sira wus kalah | anauri Kanitèn isun puniki | apa sakarsanira ||
58. wus tinugangakên jaran aglis | pan lumampah kinèn ngiringêna | wong patang puluh rowange | wong Suruhan lumayu | pan angusi kuthanirèki | Kanitèn sigra prapta | anèng alun-alun | anulya sira tumama | ing ngarsane dipatine aningali | asru ing merangira ||
59. Adipati Pasuruhan angling | hèh Kanitèn kaya ngapa sira | ing polahira sêmene | apa sira têtêmu | marang Senapati Matawis | Kanitèn aris mojar | kawula tan têmu | mring Senapati Ngalaga | dèn adhangi lêlurahipun satugil | numbak cêmêng punika ||
60. dening sagup karuwun mukasi | mila kawula lawan ayuda | kawula têmah mêngkene | dipati sigra muwus | wruhanira ikang ngadhangi | rowangira ayuda | Senapati iku | Kanitèn [Kani...]
--- [f. 169v] ---
[...tèn] asru angucap | yèn wêruha kalamun Ki Senapati | măngsa isun mundura ||
61. asukua jagut isun iki | têmahana alakua dhadha | wêruha Senapatine | măngsa kondura pupuh | Adipati Suruhan angling | sigra dènnya ngandika | buh unine rèku | mêngko yèn sira dayaa | măngsa sira nêmahana kaya iki | aran sira wus kalah ||
62. Adipati Pasuruhan angling | mring wong kalang lah sira kêthoka | Kanitèn iku dèn age | sigra nulya winadung | gulunira Kanitèn aglis | nanging nora tumama | wadung kathah rêmpu | anulya ngêsokan timah | cangkêmira Kanitèn sampun ngêmasi | dipati angandika ||
63. lah bêktanên Kanitèn dèn aglis | aturêna maring Senapatya | sarta gawaa suguhe | turêna bêktinisun | salawase isun puniki | tan sêdya anglawana | jurite sang prabu | Kanitèn kang purun lawan | ing yudane Kanitèn mangke wus mati | katura ing sampeyan ||
64. adan mangkat kang kinèn lumaris | jisimira Kanitèn binakta | sigra prapta tan asuwe | ing ngarsane sang prabu | kang utusan nulya wotsari | matur mring Panêmbahan | kawula anuwun | ingutus rayi panduka | Pasuruhan ngaturakên salam bêkti | sarta ngaturi dhahar ||
65. jisimipun Kanitèn puniki | kaatura ing karsa sampeyan | mapan punika purwane | pan [pa...]
--- [f. 170r] ---
[...n] rayi sang aulun | datan sêdya musuh sang aji | ing mangke Pasêdhahan | katura sang prabu | rajabrana jro kadhatyan | rayi tuwan tan alawas andarbèni | katura jêngandika ||
66. angandika wau Senapati | lah tarima saking kang pracaya | adhi Pasuruhan mangke | matura ing gustimu | lamun isun akarsa mulih | dening wong Pasuruhan | mênênga karuwun | apa karêpe wong wetan | dèn turuta aja suwalèng ing ati | têka dèn lakonana ||
67. wus tinundhung utusan pan mulih | sampun prapta sira Pasuruhan | wus katur saandikane | ênêngêna rumuhun | kang kocapa Ki Senapati | sampun nêmbang têngara | arsa bubar mantuk | mapan sampun tinêngaran | bubar kabèh gêgamanira Matawis | tan kawarna ing marga ||
68. sampun prapta nêgara Matawis | Panêmbahan malêbêt ing pura | pinapag ing garwa kabèh | putri saking Madiyun | wus kinanthi dening pra rabi | kocapa wadyanira | pan wus sami mantuk | ing wismane sowang-sowang | rabinira wus samya mapag ing laki | para sêlir pukuran ||
35. Pangkur
[Sénapati Kadhiri suwita dhateng Mataram. Wadya Mataram gecak negari Kadhiri.[58]]
1. ênêngêna ing Mataram | kang kocapa wong agung bang wetan iki |[59] Êmas Lonthang ing Madiyun | anèng ing Surabaya | wus alami
--- [f. 170v] ---
pan sampun pinupu mantu | tinanêm watên ing Japan | nêgara lit mapan asri ||
2. Kadhiri ikang winarna | kang jumênêng Pangeran Mamas uni | lami-lami sampun surud | Pangeran Êmas ika | risampune mêngkana ikang winuwus | dipati ing Surabaya | pan arsa anênanduri ||
3. nêgara kidul punika | tinanduran saking Surabayèki | Pangran Surabaya iku | ikang nanduri ika | ing Kadhiri kang jumênêng Ratu Jalu | miwah nêgara ing Japan | Ki Mas Lonthang kang kinardi ||
4. ing Wirasaba punika | Kyai Răngga Pramana ikang kinardi |[60] miwah Pasuruhan iku | pan sampun tinanêman | Ki Tumênggung Kapulungan wastanipun | kang anèng ing Pasuruhan | ikang carita ing nguni ||
5. pan ajamah sami lanang | Kapulungan ikang kocap ing nguni | sampun karta jamanipun | nêgara ing bang wetan | ênêngêna kang sampun sami tinandur | watên malih kang kocapa | nênggih nagara Kadhiri ||
6. ikang jumênêng punika | dèn warnanên Senapati Kadhiri | agunêm lan arinipun | kang aran Saradipa | kang satugil awasta Kênthol Jêjagu | arine waruju ika | Kartiwăngsa wastanèki ||
7. Senapati mangkya ngucap | lah Ki Saradipa paran karsèki | ing Mataram ta puniku | yayi saya arêbda[61] | jaman iki mangulon panêngêripun [panêngêr...]
--- [f. 171r] ---
[...ipun] | yèn sun rasa atiniwang | jaman wetan iki atis ||
8. sarta ujaring wirayat | sun amirsa mangke saya kapanggih | yèn sira sêmbada kayun | yayi sinêdyaniwang | apan ayun ngawula Mataram isun | sêdyanisun atilara | maring nagara Kadhiri ||
9. kalamun nora mêngkana | nora wurung benjang wadya Matawis | anglurug mangetan besuk | dadya Ki Saradipa | igih kakang sakarsa dika sun turut | kawula datan lênggana | sakarsa dika lumiring ||
10. Senapati aris mojar | marenea sira Ki Nayakarti | sira akarsa sun utus | miyanga ing Mataram | aturêna surat isun mring sang prabu | Senapati Ingalaga | poma dèn katur tumuli ||
11. ya ta Kartinaya egal | anampani surat anêmbah amit | Nayakarti lumastantun | ingiring wong sadasa | mêtu jaba kitha aris lampahipun | ênêngêna ta sêmana | kocapa Raja Matawis ||
12. dawêgira sinewaka | para mantrinira kabèh anangkil | miwah ta sêntananipun | kabèh prasamya seba | Adipati Măndaraka tansah ngayun | jajar kang para sêntana | Adipati Singasari ||
13. Panêmbahan ing Mataram | ikang putra sêsanga samya anangkil |[62] putra èstri kang winuwus | ikang jalu kewala [kewa...]
--- [f. 171v] ---
[...la] | ikang pêpitu putra jinujung luguh | putra pêpitu punika | samya jumênêng dipati ||
14. nênggih putra kang atuwa | radèn rara mapan sampun alalis | ikang jakêpe sapuluh | nanging ta sampun seda | para putra kari sêsanga kang kantun | sampun sami adiwasa | prasamya jinujung ligih ||
15. Kenthol Kajuron[63] punika | akêkasih Dipati Pugêr sigih | Ki Mas Damar wastanipun | Adipati Juminah | Ki Mas Gathot ing mangke kêkasihipun | Ki Arya Wiramênggala | ambanthèngi ing Matawis ||
16. anênggih putra panêngah | kang jumênêng pangeran adipati | ginadhang-gadhang ing besuk | agêntosi kang rama | watên dene Ki Mas Bathothot puniku | Adipati Jayaraga | punika jênênge rèki ||
17. dene Ki Mas Bagus ika | Adipati Têpasana namèki | dening Ki Mas Gawat iku | Dipati Prigalaya[64] | watên dene putra kêkalih pan durung | jinujung lêligih ika | dening maksih alit-alit ||
18. akêkasih Mas Tambaga | kang wuragil Ki Mas Kadhawung iki | kêkalih pan sami timur | dèrèng kalêligihan | ênêngêna kocapa ikang lumaku | Ki Nayakarti punika | sampun prapta ing Matawis ||
19. sampun katur mring sang nata | lamun watên utusan wetan prapti | Senapati ikang ngutus | ing Kadhiri punika | ingandikan tan asuwe nulya rawuh | ing ngarsanira sang nata | Nayakarta[65] awotsari ||
--- [f. 172r] ---
20. Panêmbahan angandika | sapa jênêngira utusan prapti | lan kinakon pa sirèku | dening Ki Senapatya | awotsêkar Nayakarti nêmbah matur | igih pukulun kawula | awasta pun Nayakarti ||
21. kawula ngutus mring tuwan | dhatêng abdi sampeyan Senapati | igih kawula ingutus | angaturakên surat | nênggih mangke katura ing jêng sang ulun | surat sampun tinampanan | anulya sinukmèng galih ||
22. kunêng bêbukaning surat | pan kawula angaturakên bêkti | ing sampeyan sang aprabu | sinêmbah ing Mataram | ikang sampun antuk sihi[66] Yyang Kang Agung | kalawan ikang sapangat | jêng nabi duta linuwih ||
23. kang sampun antuk kang bêrkat | para wali kang lênggah nusa Jawi | sawabipun kang lêluhur | panjangêna kang yusya | risampune kadya punika pukulun | punika atur kawula | arsa angabdi nrêpati ||
24. ing pada panduka nata | igih suka kula dadi juru sabin |[67] yèn sampeyan sudi mupu | dhatêng pun Senapatya | pêjah gêsang kawula katur pukulun | dhumatêng jêng sri narendra | suka karyanên pakathik ||
25. saking la-êla[68] kawula | pan akarsa ngabdi ing jêng nrêpati | ing saturun-turunipun | kawula angawula | pan punika sêtya kawula sang prabu | sudia batên sudia | kawula arsa angabdi ||
--- [f. 172v] ---
26. têlas bêbukaning surat | èsthi prayanira kawrat ing tulis | Panêmbahan Ngalagèku | mèsêm jroning wardaya | amiyarsa Senapati aturipun | suka jroning driyanira | Panêmbahan ngandika ris ||
27. Nayakarti sun tarima | pracayane si anak Senapati | kaliwat isun jumurung | andonga ing Pangeran | muga-muga tinêtêpna imanipun | oliha rêp duwe bapa | marang isun suta mami ||
28. nanging isun asêmaya | yèn ing benjing wulan Muharam nênggih | isun utusan amêthuk | si anak adandana | pinusalin Kartawăngsa kampuh dhuwung | panisêt[69] lawan cêlona | kopyah sarta sinung picis ||
29. Panêmbahan angandika | lah ta uwis muliha Nayakarti | lah ta iki layang isun | sungêna putraniwang | sigra nêmbah Nayakarti aglis mundur | lampahira gêgancangan | datan kawarna ing margi ||
30. sampun prapta wismanira | nulya marêk dhatêng Ki Senapati | sapolahira wus katur | muwah kang punang surat | anampani surat Senapati sampun | binuka kang punang surat | anulya sinukmèng ati ||
31. pèngêt jêbèng surat iwang | dhumatênga mring sira Senapati | dhingin salam donganisun | tumêkaa mring sira | kapindhone sira tur sêrat maringsun | mapan ta wus katupiksyan | saungêle ikang tulis ||
32. kalakung
--- [f. 173r] ---
tarimaniwang | dening sira arsa dhatêng Matawis | angaku bapa maringsun | kaliwat sukaniwang | isun donga maring Sukma Kang Aluhur | antuka ikang sapangat | sira ing nabi linuwih ||
33. panjangêna yusyanira | têtêpêna imanira puniki | nanging jêbèng jajinisun | benjang wulan Muhkaram | isun papag sira ing gêgaman agung | nuli sira amangkata | kalamun sira sayakti ||
34. punang bêbukaning surat | sarasaning ati prakat ing tulis |[70] Senapati nulya dhêku | kalakung sukanira | pangrasane kadya sampun atêtêmu | maring Kanjêng Panêmbahan | kang palênggah ing Matawis ||
35. Ki Senapati kocapa | wus samêkta gêgamanira jurit | glising carita puniku | wong Mataram wus mangkat | pirang dina sampun prapta ing Madiyun | ênêngêna ta saksana | Kadhiri ucapên malih ||
36. Ratu Jalu sinewaka | ingaturan yèn wong Mataram prapti | dadya mangke Ratu Jalu | anulya aputusan | maring Surabaya dhumatêng sang prabu | yèn wong Mataram wus prapta | arsa gêcak ing Kadhiri ||
37. muwah Japan Wirasaba | pan ing Malang punika dèn kokoni | miwah ing Lumajang sampun | lawan ing Kartasana | samya cawis wong Mataram kathah rawuh | amondhok ing Kartasana | sakilèn kitha Kadhiri ||
--- [f. 173v] ---
38. majêng mangidul barisnya | malah dhatêng kidul kilèn Kadhiri | pan ika samèn angidul | isun têka wêkasan | tiyang desa kathah ngusi ing kadhatun | kêbo sapi kacêkêlan | wong desa kathah angili ||
39. Ratu Jalu sinewaka | pêpak sagung gêgamaning ajurit | para mantri padha kumpul | aglar anèng ngayunan | ya ta Kae Saradipa mugèng ngayun | mantri Kadhiri sadaya | pêpêk prasamya abaris ||
40. amung Senapati ika | datan mêtu ayadipun asakit | ya ta mangke Ratu Jalu | angandika mring bala | hèh wong Kadhiri mêdalana puniku | padha arêbuta papan | aja kadhinginan baris ||
41. lah Ki Saradipa sira | angirida gêgaman ikang dhingin | bulèh Senapati mêtu | mêngko aja na lunga | lawan sira ngantia wong Surabayèku |[71] pan adoh sêbate ika | bogan sira anêmahi ||
42. wus ayun-ayunan yuda | saragêni wus bêdhil-binêdhil sami |[72] ya ta ing nalika wau | kasaput dalu ika | ênêngêna ikang badayuda[73] mundur | kocapa sajroning kitha | Kadhiri Ki Senapati ||
43. umatur Ki Saradipa | alah sampun walang galih ing mangkin | sampun panduka atumut | amêdal ing ayuda | pan ing atur kawula make pukulun | yèn wus pêjah Saradipa | andika mêdal ing jurit ||
44. risampunira mêngkana | wong Kadhiri bubarakên pan aglis | sakilèning kitha sampun | baris abra asinang | lêlayu myang gandera kathah dinulu |
--- [f. 174r] ---
lir pendah sêkar sataman | yèn tinon lir yayang tulis ||
45. wong Mataram ikang mulat | pan wong wetan ikang padha mêdali | tan dadya runtiking kayun | dening musuh sêpala | kang angirid lampah wong Mataram sampun | sapala sajroning kitha | Kadhiri Ki Senapati ||
46. agunêm lan arinira | ikang nama Kenthol Jêjagung iki | arine panêngah iku | pagulu Saradipa | Kenthol Kartimasa[74] arine waruju | Ki Senapati sêmana | adarbe mantu sawiji ||
47. prayayi Giri punika | kambil mantu aran Ki Mas Balimbing | Ki Senapati amuwus | lah Jêjagung dandana | Kartimăngsa padha ngalumpuka iku | sarayatira sadaya | sun mêdal sawêngi mangkin ||
48. bokmênawa karahinan | akumpula kori sawêngi mangkin | pun Kenthol Jêjagung matur | kadipundi ing karsa | dyan Ki Saradipa make umatur |[75] ing Senapati kang raka | katalajuk kang makyèki ||
49. Senapati angandika | pindho gawe têka sira puniki | prah ilang wus cinalathu | sadina-dina ika | balik rayat samya bêktanên puniku | sawadyane akumpula | karsanisun mêtu mangkin ||
50. risampuning ngucap sigra | sarayate Saradipa wus prapti | sadayane samya kumpul | lanang wadon sêdaya | awêtara kathahipun tiyang satus | kabèh prasamya sêntana [sê...]
--- [f. 174v] ---
[...ntana] | ing Senapati Kadhiri ||
51. nulya bubar tan antara | sigra mêdal sajawi kitha aglis | kêbating carita iku | sampun nyabrang ing Bungas | pan mangilèn nabrang Senapati rawuh | ing mangke Ki Saradipa | ya ta sampun dèn kokoni ||
52. ikang yun-ayunan aprang | têngah dalu wayahipun kang wêngi | Kyai Saradipa sampun | sêmana ingaturan | yèn kang raka sampun alalos ing dalu | inganti nabrang ing Bungas | dyan Ki Saradipa aglis ||
53. sakyèhing para sêntana | anèng pondhok samya dipun jawili | kang para sêntana kumpul | Saradipa glis mêdal | pan atilar pasanggrahan tan ana wruh | kesahe Ki Saradipa | wayahipun mêdal latri ||
54. glising carita wus nugal | Saradipa kalawan Ki Senapati |[76] enjang kawarna ing ênu | gêgamaning Mataram | Radèn Arya Wiramênggala puniku | wau sampun ingaturan | Senapati yèn lumaris ||
55. dadya radèn arya egal | Alap-alap wau dèn andikani | hèh Alap-alap sirèku | sira ngirida lampah | anyimpanga sira mangidul puniku | ing Rawa Mandêlêm ika | gêpukên poma dèn bêcik ||
56. Kya Tumênggung Alap-alap | dyan umatur kawula nuhun gusti | ing Kadhiri ta pukulun | batên andika bêdhah | Radèn Wiramênggala amuwus asru | pan nora winêkas-wêkas | ambêdhah kitha Kadhiri ||
57. amung
--- [f. 175r] ---
wêkas dalêm ika | pan ing Rawa Dalêm[77] kinèn bayongi | sira angirida laku | dene isun tan lunga | angirida sira Senapati iku | risampunira winêkas | Alap-alap sigra amit ||
58. kêndhaga lante sakawan | umiringa Alap-alap puniki | rahadèn arya sirèku | sigra nulya têngara | bubar ngirid mring Senapati lumaku | ênêngêna ta sêksana | kocapa wong wetan iki ||
59. Ratu Jalu asru duka | salorode Senapati ing latri | ya ta angandika asru | hèh wong Kadhiri egal | sira tututana Senapati iku | lamun katututan ika | tumpêsên aja na kari ||
60. asuwita ing Mataram | pan sêdyane Senapati Kadhiri | pangarah jumênêng ratu | anèng nagri Mêmênang | jalma ala tan wruh ta ing wirangipun | angawula mêngsah ika | arêrampe anak rabi ||
61. risampunira mêngkana | wong Kadhiri nulya kumarab sami | Senapati gya sinusul | kacandhak ing Karakal | dadya rame apêrang sira ing ênu | kang mantu Ki Senapatya | kang nama Ki Mas Balimbing ||
62. mêngkana tumandang ing prang | Mas Balimbing kabranan jaja kêni | risampun mêngkana wau | asor prange wong wetan | padha kaburu mèd sêdaya pan asru | Ki Senapati dyan egal | malajêng dhatêng Matawis ||
63. Ki Tumênggung Alap-alap | wus agêpuk[78] [agê...]
--- [f. 175v] ---
[...puk] Rawa Madêlêm iki | sêmana saksana mundur | wong Rawa Dêlêm ika | wus kabayong dening Alap-alap iku | patêmon ing Jagaraga | gaman agêng ikang prapti ||
64. duk sinêngkalan sêmana | pan pandhita angalih tata bumi |[79] ênêngêna ta karuwun | kocap rajèng Mataram | apan make sampun ngaturan sang prabu | ing Rawa Madêlêm ika | binoyongan punang jalmi ||
65. Senapati sampun prapta | nênggih watên punang kusuma wiking | Senapati agya muwus | hèh wong sêrati egal | konên angudhunêna gajah isun |[80] sarta palanane pisan | gajah dening wong sêrati ||
66. tan antara sigra mangkat | wong sêrati ambêkta gajahnèki | ikang ngiring tigang atus | pangawin parampogan | ya ta risampune mêngkana kapêthuk | rabine Ki Senapatya | nulya kinèn nitih èsthi ||
67. antaranya tigang dina | nulya prapta marang kitha Matawis | nuli adêdunung sampun | muwah para pugawa | wong Mataram ya ta ingundhangan sampun | suguh sarta padalêman | ing wau Ki Senapati ||
68. wêtara satêngah căndra | nulya dadya dalême Ki Senapati |[81] dalême Kenthol Jêjagung | miwah Ki Saradipa | muwah Kenthol Kartimăngsa dalêmipun | sadaya sami kagonan | griyane dèn sami-sami ||
69. Senapati sinung desa | cacah wong
--- [f. 176r] ---
sèwu limang atus puniki |[82] kang rayi katiga sampun | samya sinungan desa | pitung atus sadaya dêdamêlipun | muwah Kyai Saradipa | luguhe sinami-sami ||
70. muwah sawongira lawas | Senapati rêke saking Kadhiri | sami ngatutakên sampun | sarta dandananira | sami magêrsari kathah balanipun | sadaya wus cinawisan | dadanan griya wong cili ||
71. sadaya akarya griya | sawongira Kadhiri ikang lami | sadayane dadi sampun | kocap Prabu Mataram | sinewaka pêpêk kang bala supênuh | andhèr sakèhing santana | miwah para putra nangkil ||
72. miwah Senapati ika | ing Kadhiri sabalane anangkil | kang rayi katiganipun | tumut seba sadaya | Senapati Ngalaga ya ta amuwus | wruhanira wong Mataram | wangsanisun Senapati ||
73. isun aku sanak iwang | pan sun karya anak pambajêng iki | sakèhe ta putranisun | padha basaa kakang | lan sakèhe iya sanak-sanak isun | ngastokêna ujar iwang | wêwêkas mara yya lali ||
74. dêlingira sri narendra | hèh ta anak Senapati Kadhiri | arinira isun pundhut | iya Ki Saradipa | apan iya sutanira isun pundhut | Ki Senapati tur sêmbah | sumăngga karsa nrêpati ||
75. pan igih
--- [f. 176v] ---
abdi sampeyan | pan kawula tan kawasa darbèni | sri naranata gya muwus | lah isun saprakara | pan manira durung darbe kitha isun | sira karyakêna kitha | Ki Senapati lingnya ris ||
76. Senapati tur sandika | amêwahi dalêm kitha nrêpati | akarya banon karuwun | abang putih pan kathah | amêthuki Senapati budènipun | karsane sri naranata | adamêl sinom pangrawit ||
36. Sinom
[Sénapati Kadhiri lampus, perang lawan dipati Pesagi saking Kadhiri.[83]]
1. risampunira mêngkana | wong cili dèn parentahi | prasamya akarya bata | bata bang lan banon putih | glising carita dadi | bata pêthak banon dadu | adan nulya kinarya | kutha bacingah wus dadi | tan amawi kitha ngago lêlompongan ||
2. rajèng Mataram ngandika | anak isun Senapati | kayaparan karsanira | tan ngago lompongan iki | kitha acalang kardi | agya Senapati matur | nadyan watêna mêngsah | amêrpêgi ing Matawis | arah kawula batên ngakêb ing kitha ||
3. panjang lamun cinarita | kitha bacingah wus dadi | sêmana wus sinêngkalan | nrus lunga marganing bumi |[84] sampuning mangkanèki | Raja Mataram cinatur | ya ta nitih dipăngga | anak isun Senapati | gajah siji wong roro kang nugangana ||
4. êningira Senapatya | ing anakira Kadhiri | rèh isun midhangêt [midhang...]
--- [f. 177r] ---
[...êt] warta | ujare puniku nênggih | wruhanira ing nguni | wong wetan akarsa musuh | marang nagri Mataram | lan karya dus ing Sêmanggi | pan punika ujare ikang wirayat ||
5. ya ta sutanira nêmbah | ujaring pangucap gaib | kalampahana awirang | anulung tiyang Matawis | benjang wong wetan nênggih | ngrusak tanêm tuwuhipun | nêgara ing Mataram | kawula wirang Yyang Widi | yèn èstua saking wirayat punika ||
6. pun Senapati awirang | andulu kula Matawis | tiyang wetan angrusaka | tanêm tuwuh ing Matawis | Senapatya Nglaga ngling | hèh kamangkara nak isun |[85] gaib parentahi[86] Yyang | kaya pa gènira gisir | pan ature uni kajinêman ika ||
7. nênggih wong wetan punika | arsa adus ing Sêmanggi | ya ta kang angirid lampah | nênggih dipati ing Gêndhing | ing Pasuruhan iki | lawan wong Surabayèku | ikang angirid lampah | nênggih Dipati Pêsagi | lan Ki Răngga Lêlana Kadhiri ika ||
8. kang putra matur anêmbah | Senapati ing Kadhiri | kawula anuwun duka | wêtawisipun ing benjing | sadaya datan wani | dhatêng panduka pukulun | Panêmbahan gya mojar | aja sira Senapati | padha tinetahakên maring Yyang Sukma ||
9. sampun angidêri kutha | Senapati ing Matawis | sigra laju mring pasohan [paso...]
--- [f. 177v] ---
[...han] | tumêdhak saking ing èsthi | muwah putra Kadhiri | sêmana sarêng tumurun | wadyabala Mataram | kabèh prasamya angiring | Senapati Ngalaga mantuk mring pura ||
10. mantri andhèr ing pasohan | pêpêk prasamya anangkil | aglar andhèr ing pasohan | miwah putra ing Kadhiri | nulya ngandikan aglis | malêbêt sajro kadhatun | ing rama sri narendra | lênggah kalawan kang rabi | atanapi kang para sêlir sadaya ||
11. sampun alênggah atata | wong dalêm sami acawis | Senapati nulya prapta | tumamèng ingawe aglis | kang putra nulya gipih | kinèn aligih ing ngayun | jajara ibunira | kang putra nêmbah tur bêkti | tan antara wau alênggah ajajar ||
12. garwa kathahe sakawan | kalima sri narapati | kanêm putra Senapatya | saksana sarêng abukti | wong dalêm angladèni | padha angayap ing ngayun | ayom kang pêpêthetan | gănda sêkar widasari | gandanya mrik sampunira dhêdharanan ||
13. lumèsèr punang carikan | adan dhahar tigan sami | Senapati Ingalaga | mantianta ikang galih | mring putra Senapati | ingakah[87] putra pambayun | ya ta Ki Senapatya | lakung pamujining Widi | Senapati Ngalaga alon ngandika ||
14. putranisun Senapatya | lawan durung aningali | sira ngage badhong rêtna | apa nora dhêmên iki | kang putra matur aris |
--- [f. 178r] ---
igih kawula pukulun | apan tan darbe amba | bêbadhong amung satugil | nanging datan watên niyakane ika ||
15. Senapati angandika | biyangira duwe kêndhit | puniku sira jaluka | iku niyakane bêcik | tur dèn sungakên sigih | yèn sira ikang ajaluk | kagyat manah kang putra | mirsa ing sabda nrêpati | Senapati yèn angucapa ing manah ||
16. nênggih wong wetan punika | kawula pajupat benjing | ikang mêdal êlor ika | igih pun dêmang ing Gêndhing | ikang pangawat sigih | wong wetan gêgaman agung | kang saking kidul ika | igih Dipati Pêsagi | êndi prayogane ikang sun têrajang ||
17. mangkya Senapati nêmbah | kawula anuwun gusti | ikang angirida lampah | kawula ikang rumiyin | dyan Panêmbahan angling | isun Senapati mêtu | milu mapag wong wetan | Senapati matur aris | yèn suwawi kalih karsa jêngandika ||
18. sampuna dening kawula | pêjaha ing rana gusti | amapaga wong bang wetan | amalêsa sihing gusti | yèn kawula wus mati | sakarsa dika pukulun | sigra pinêngarahan | wong Mataram sami baris | tan antara Ki Bicak nulya tinêmbang ||
19. wong Mataram nulya bubar | abaris jawining taji | amondhok samya nata-nata |[88] kang mêdal lor kidul iki | nênggih ikang angirid | gêgaman kang mêdal kidul | Dipati Jagaraga | lawan Panji Wirabumi | wong têtiga Ngabèi [Ngabè...]
--- [f. 178v] ---
[...i] Malang Sumirang ||
20. sakawan Pangeran Răngga | ya ta kalimane sigih | Ngabèi Kartiwêdana | kanêm Arya Wirapati | nulya budhal kang baris | gêgaman kang mêtu kidul | kang mêdal êlor ika | nênggih putra Senapati | paranakan sêdaya mangke sarênga ||
21. Dyan Arya Wiramênggala | lan Pangeran Makubumi[89] | Adipati Prigalaya | myang Dipati Prigalaya | lan Dipati Singasari | Têpasana lumiring | adipati anom iku | Dipati Pugêr ika | Pangeran Juminah sigih | para putra kêkalih kang dèrèng miyang ||[90]
22. Mas Kadhawung Mas Têmbaga | tan ana milu ajurit | dening ta dèrèng diwasa | ênêngêna kang rumiyin | ya ta baris Matawis | kang ngirid mêdal lor iku | Tumênggung Singajaya | lan Arya Panular iki | lawan malih sira Dêmang Tanpanaha ||
23. lan Dêmang Wiranêgara | Tumênggung Jagabayèki | Angabèi Patrabăngsa | ya ta saking lor miyosi | padha digdayèng jurit | Ki Ngabèi Wiratanu | gêgaman kulon ika | sèwu kathahe mêdali | wadyabala limang atus wuwuhira ||
24. ki ngabèi ing Kajênar | puni kang angirid |[91] lan Ngabèi Kêlêng ika | muwah Ki Ngabèi Rawi | ikang satugil malih | Ki Ngabèi Awu-awu | risampune mêngkana | wus ayun-ayunan jurit | tiyang wetan sampun atata gêgaman ||
25. Ki Senapati sêmana | pangawat têngên nindhihi | ya ta kang dadi pangarsa | kang rayi dipati sami | Ki Saradipa [Saradi...]
--- [f. 179r] ---
[...pa] nênggih | kalawan Kenthol Jêjagung | lan Kenthol Kartimăngsa | ya ta kang muguh ing ngarsi | karanipun kukuhe bala sêntana ||
26. Ki Senapati punika | nênggih caritane dhingin | sada mambu kaponakan | marang Dipati Pêsagi | nyanane Senapati | yèn ta katêmua isun | paman Pêsagi ika | payo tandhinga ing jurit | ênêngêna kang mêdal êlor punika ||
27. kang mêdal kidul punika | nênggih Dipati Pusagi[92] | ing Surabaya sêmana | wus ayun-ayunan jurit | kalawan wong Matawis | ya ta kang muguh ing ngayun | Dipati Jagaraga | mêngsah Dipati Pêsagi | nulya campuh wau kang abadayuda ||
28. lakung ramening ayuda | syara lir karêngèng langit | kêndhang gong munya sauran | ya ta Dipati Pêsagi | kasoran dènnya jurit | wadyabala kapalayu | mangalor asasaran | anunggal ing Jatisari | gêgaman gung ing Jatisari punika ||
29. ya ta wau kawarnaa | Ki Senapati Kadhiri | sêmana campuh ing yuda | lan wong Surabaya iki | pun Panumpang wus mati | ing Pajatèn dènnya surud | Panumpang wus tinigas | mring Senapati Kadhiri | along-linong kang badayuda aramya ||
30. kang mundur anandhang brana | ikang majêng angêmasi | syarane alyir ampuhan | surake wadya Matawis | mênêng Ki Senapati | wong Surabaya amburu | ngalor palayunira | arine Ki Senapati [Se...]
--- [f. 179v] ---
[...napati] | Kenthol Jêjagung kalawan Ki Saradipa |[93]|
31. kang dadi pangarêpira | Senapati ing Kadhiri | amburu wong Surabaya | ngalor palayune uni | arine Senapati | sêdyane amburu musuh | agya Ki Senapatya | anusul mangalor iki | amung kantun wong magêrsari kewala ||
32. amung tiyang kawan dasa | kang tumut Ki Senapati | ngalor puruge anyandhak | ya ta wau kang winarni | Adipati Pêsagi | kang kajêjêl saking kidul | ya ta kayogyapara | anêmpuh Ki Senapati | Ki Dipati Pêsagi sampun uninga ||
33. atakèn ing wadyanira | sapa prayayine iki | amung kari upacara | kering dèn wong magêrsari | balanira akêdhik | igih punika pukulun | Senapati punika | angling Dipati Pasagi[94] | bage sokur gandhèrèh têmu lan iwang ||
34. Dipati Pêsagi agya | anguwuh mring Senapati | gandhèrèh sira balia | isun musuhira jurit | Ki Senapati nolih | gya Senapati mangidul | ngiring wong kawan dasa | angling Dipati Pêsagi | wus awirya gandhèrèh anèng Mataram ||
35. tumrap kaya isun mirang | dipati agung abalik[95] | ing Kadhiri kurang apa | têka nêmbah wong kathik |[96] kapengin ujar manis | anuruti ujar dudu | gaib kang pinangeran | wruhanira ing Matawis | pan punika ratu boboting wong nistha ||
36. Senapati angandika | hèh paman Jaya Pêsagi | cala-culu ujarira | baya ta dudu prajurit |
--- [f. 180r] ---
isun anèng Kadhiri | pan norana cacadipun | Gusti Raja Mataram | nyata boboting wong cili | nadyan nistha isun ayun angawula ||
37. kusuma wong papat tugal | saking Nabi Adam sigih | dadi gêdhe cili ika | aran ta sampun pinasthi | dening Yyang Sukmajati | kanyataanipun luhur | kalih anêp punika |[97] lan sira paman Pêsagi | datan têmbe isun amusuh lan sira ||
38. Dipati Pêsagi mojar | wruhanira Senapati | tan ana anak lan bapa | satêngahing rana jurit | muwah arine iki | lah payo aja na mundur | isun kalawan sira | padha rêbut sihing gusti | Adipati Pêsagi nulya têngara ||
39. Senapati anêrajang | amung lan wong magêrsari | kathahe wong kawan dasa | muksa ing têngah wong cili | sigra Ki Senapati | anyamêthi kuda ngamuk | singa kaparag bubar | nulya Dipati Pêsagi | wus nyamêthi kuda sarwi asêsumbar ||
40. hèh gandhèrèh ayya tigal | payo atandhing kuwani | ayya gumisir ing aprang | siyang dalu sun ulati | kudane dèn camêthi | Dipati Pêsagi asru | wau panumbakira | datan pasah Senapati | tri wus jangkêp Senapati datan pasah ||
41. Senapati nulya numbak | marang Dipati Pêsagi | kêni jajanira bêncah | ludira adrês umijil | Adipati Pêsagi | amalês anumbak layu | Senapati anulya [a...]
--- [f. 180v] ---
[...nulya] | tinumbak sarwi aguling | mung sakuku gulu iringe apêjah ||
42. Senapati sarêng pêjah | lan kang paman adipati | katrêsnan pan sarêng pêjah | mayid binadhusa sami | sigêgên kang wus lalis | sikêp agêng lor mangidul | Ngabèi Patrabăngsa | wruh yèn Senapati mati | dyan têngara sêdyane anulungana ||
43. Adipati Jagaraga | aprang pan sami prajurit | kaburu mangalor ika | tan ana nolih ing wuri | Adipati Pêsagi | wadyabalane kaburu | angunus ikang aprang | gupuh mangalor sira glis | ya ta prapta Angabèi Patrabăngsa ||
44. nanging datan angsal karya | yèn Senapati wus mati | kunarpa wus binadhusa | Dipati Jagaraga glis | amburu musuh malih | ya ta katututan sampun | ikang mikul badhusa- | nira Dipati Pêsagi | wus rinêbut badhusa nulya binêcah[98] ||
45. Dipati Pêsagi sira | mayide pinagas malih | ênêngêna ta saksana | Dipati Amangkubumi | Pangeran Singasari | sami agunêm sabda rum | Ngabèi Patrabăngsa | matur Senapati mati | Jatisari gènnya campuh apralina ||
46. Dipati Pêsagi ika | mêngsahnya prang barêng mati | risampunira ngaturan | Adipati Mangkubumi | atampèl pupu kalih | hèh wong Mataram puniku | dadi apa ta sira | kêkasih dalêm [dalê...]
--- [f. 181r] ---
[...m] ngêmasi | wong Mataram badhe ta jaga têtêkan ||
47. ana jêjênêng Mataram | Răngga Pita kang kêkasih | wruh yèn Senapati pêjah | saksana lumayu aglis | matur dhatêng Matawis | marang gusti sang aprabu | ya ta kang kawarnaa | Pangeran Amangkubumi | wong Mataram padha kinèn asiyaga ||
48. payo binuru wong wetan | prandene muliha mati | angur anêmpuha aprang | nulya prayayi Matawis | sampunnya gunêm pikir | sigra bubar tan asantun | kang anitihi yuda | kabèh prasamya angiring | têngara gong munya lir karêngèng wiyat ||
49. awor lan karciking wastra | karbêting lêlayu kuning | lir gêrah syaraning bala | kaya ngobahêna bumi | ênêngêna rumiyin | wong Surabaya winuwus | kang dadi senapatya | ing prang Adipati Gêndhing | Kyai Răngga Lêlana Kadhiri ika ||
50. Dipati Gêndhing punika | sampun ingaturan uning | yèn wong Mataram kumêrab | asêdya angantêp jurit | ya ta Dipati Gêndhing | atêngara lalos mundur | wong Mataram wus wikan | yèn wong wetan angunduri | dyan binuru maring wadya ing Mataram ||
51. kinarutug binêdhilan | surak lir karêngèng langit | wong wetan mandhêg atata | asêdya amangun jurit | wong Mataram abaris | tumulya nêrajang asru | ing Têmpalu sêmana | gènira campuh [ca...]
--- [f. 181v] ---
[...mpuh] ing jurit | endhe gajur asusun pating suladhang ||
52. pugawa ing Surabaya | kalong kêkalih kang mati | anênggih Răngga Jêladra | lan Ki Răngga Wirapati | tanapi ing wong cili | ikang mati datan ketung | Dipati Gêndhing ika | sampun amalik kulambi | sarêng lumayu lawan Ki Răngga Lêlana |[99]|
53. sakèhing wong cili ika | gêgamane rêbut dhingin | wong Mataram abêbandhang | kuda muwah tumbak kêris | ya ta wong wetan nênggih | prasamya lalos lumayu | mundur tiyang Mataram | Pangeran Amangkubumi | aputusan mantuk dhatêng ing Mataram ||
54. matura ing Panêmbahan | awiyos pun Senapati | layone mangke punika | pinêtak rêke ing nguni | pan wong wetan puniki | sampun alalos sadarum | punapa ing parentah | binukti prajane malih | mangkya sampun tutug gènira mêmêkas ||
55. utusan pamit anêmbah | lajêng sira mring Matawis | ênêngêna ta saksana | kocapa Raja Matawis | dawêgira tinangkil | ulubalange wus rawuh | aran pun Răngga Pita | pranata aturing rèki | Panêmbahan mangkya wau ingaturan ||
56. yèn pun Senapati pêjah | kagyat Panêmbahan angling | tan wruh yèn mijil kang waspa | lamun ngucapa ing ati | ya anak Senapati | sangêt dènira kaduwung | akon mati [ma...]
--- [f. 182r] ---
[...ti] ing sira | amarga bêbadhong nguni | Senapati Mataram têngara durma ||
37. Durma
[Sénapati Ingalaga séda. Radèn mas Jolang jumeneng nata ing Mataram.[100]]
1. munya ngakang Ki Bicak wau tinêmbang | gègèr bala Matawis | sami awahana | wadya turăngga liman | gêgaman sampun cumawis | karsaning bela | Senapati Kadhiri ||
2. arsa mangkat Senapati Ingalaga | gêgaman obah sami | sigêgên saksana | prapta punang putusan | sang ayogya Mangkubumi | nulya turira | mring Sang Prabu Matawis ||
3. wus pêrnata ature punang putusan | katur aturing rèki | dhatêng Panêmbahan | Mataram angandika | lah Răngga Pita dèn aglis | sira miyanga | warahên Mangkubumi ||
4. anak Senapati iku dèn pêtêka | aglis desa ing Wêdhi | muwah wong Mataram | mangkya padha mundura | aja mangetan ing mangkin | pan durung măngsa | ing nalika puniki ||
5. risampunnya Răngga Pita wus winêkas | saksana atur pamit | tumanduk angetan | tan kawarna ing marga | aglis sira nulya prapti | ing pasanggrahan | Pangeran Mangkubumi ||
6. sampun têlas ngaturkên wêwêkasira | Panêmbahan Matawis | risampun mêngkana | nulya nêmbang têngara | Pangeran Amangkubumi | anulya bubar | mantuk dhatêng Matawis ||
7. Senapati mangke
--- [f. 182v] ---
sampun ingastana | wau desa ing Wêdhi | sampuning mêngkana | punika sinêngkalan | wong wani apêrang iki | jalma Mataram |[101] pan manjing kitha sami ||
8. gya sineba Senapati Ingalaga | pêpak kang bala nangkil | muwah para putra | kabèh sami sewaka | Panêmbahan ing Matawis | amêdalêna | sandhang kalawan picis ||
9. mantri Mataram sampun ginanjar sadaya |[102] mantri kang agêng alit | samya dinadaran | sapantês-pantêsira | ana sinung desa malih | sinung nêgara | sapêpantêse iki ||
10. Ki Mas Sori dèn jênêngakên ing Dêmak | satimbang lawan Pathi | liya parentahan | risampune mêngkana | Dipati Măndraka angling | punapa karsa | andika ta kiyai ||
11. boya pantês nêgara wetan punika | tinidakana[103] mangkin | manira anêdha | tinidakêna ngetan | Panêmbahan mangkya angling | pan dèrèng măngsa | kakang make puniki ||
12. pan ujare wirayat dede manira | angrata jaman benjing | anak putuniwang | angrata jaman benjang | amung karsanira iki | lawan kawula | nênggih batên mênangi ||
13. lan sapindhah-pindhahipun malih paman | darbe wêcana iki | yèn manira pêjah | para putra manira | prayogyanana gêntèni | mring jênêng iwang | anèng kitha Matawis [Matawi...]
--- [f. 183r] ---
[...s] ||
14. Adipati Măndaraka aris mojar | kayaparan nèh iki | dene kang jajahan | saloring gunung ika | sinungakên marang Pathi | pan ewuhaya | mênawi dados kardi ||
15. Senapati Ingalaga angandika | igih kadospunêndi | paman kaya bocah | sapa gènnya lumampah | anak Adipati Pathi | lyaning kawula | ikang dipun jaluki ||
16. dening ajaluk dhusun salore ing arga |[104] punika dipun kardi | pêpikul lumampah | ing ardi pêkênira | sigêgên kitha Matawis | tan kawarnaa | ing Santênan Dingpati[105] ||
17. sampun katur ature Ki Patrahita | ya ta sri narapati | Dipati Santênan | wau sampun putusan | angirup saloring wukir | Warung Balora | Garobogan wus sami ||
18. mung ing Dêmak wau kang maksih ambakang[106] | kang aran Ki Mas Sori | kang lênggah ing Dêmak | kang ora gêlêm rêbah | dadya mangke Ki Mas Sori | sigra lumajar | dhumatêng ing Matawis ||
19. ênêngêna Panêmbahan Ingalaga | dawêgira tinangkil | dadya Patrahita | utusan Pathi prapta | ing ngarsane sri bupati | kinèn dhêdhêpa | sikêp wetan puniki ||
20. ayadipun wong wetan sampun kumêrab | arsa gêcak ing Pathi | alon angandika | wau natèng Mataram | hèh juru
--- [f. 183v] ---
gêdhong dèn aglis | sira ngambila | waos satus puniki ||
21. agya pun juru gêdhong angaturêna | waos satus puniki | hèh Ki Patrahita | iku waos sêpala | aturna marang si adhi | lan nora nana | jêjêre ta puniki ||
22. pun Patrahita sampun apamit anêmbah |[107] ing pênêdipun gusti | kawula anêdha | waos samêkta watang | Panêmbahan ing Matawis | hèh Patrahita | isun nora duwèni ||
23. Patrahita wus apamit sarya nêmbah | sêmana sampun mijil | mantuk mring Santênan | Adipati Măndraka | lan Dipati Mangkubumi | aris angucap | punapa karannèki ||
24. rayi dika ing Pathi nêdha gêgaman | binêktan waos iki | boya asêmbada | Panêmbahan Mataram | ing mangke ngandika aris | lah kadi bocah | kakang sira puniki ||
25. wruh andika mangke pun adhi Santênan | ayun mêngsah ing kami | kalih dika paman | lah mangke wong Mataram | padha acawisa jurit | tan wande sira | aprang kalawan Pathi ||
26. dèrèng tutug dènira imbal wêcana | praptane Ki Mas Sori | nulya matur sigra | yèn Warung ing Balora | sampun kerup dèn wong Pathi | nanging ing Dêmak | datan rêmbug ing Pathi ||
27. malah rajakayanipun tiyang Dêmak | pinupu ing wong Pathi | ênêngêna saksana |[108]
--- [f. 184r] ---
dipati ing Santênan | sampun aputusan malih | ing Langsêm Tuban | wau sampun kinait ||
28. dipun sandi mangke wong Mataram ika | ayun-ayunan jurit | Langsêm lan Santênan | katiga dipun lambang | dadya ing Langsêm lan Tubin | Warung Balora | wus kêna dipun sandi ||
29. glising carita wong Lasêm sampun abubar |[109] gêgaman dhatêng Pathi | sigêgên saksana | wong Pathi sampun mêdal | kocapa tiyang Matawis | ana ing marga | dipatinya ngawaki ||
30. dadya mangke wus ayun-ayunan aprang | pan kasaput ing wêngi | sami mondhok sira | ya ta pangulah Tuban | ing Langsêm prasamya nêlik | pondhok Mataram | wartane dèn malingi ||
31. dadi mangke wong Mataram wau samya | ngucap wong batur mangkin | anênggih wong Tuban | kalawan Langsêm ika | wartane milu Si Pathi | Gusti Mataram | datan sêdyaa mangkin ||
32. ikang pangandika gusti ing Mataram | isun tan sêdya iki | amusuh wong Tuban | kalayan Langsêm ika | anadene yèn kapagih | ing ajang ika | tan wande isun bukti ||
33. dadya pangulah Langsêm lan ing Tuban ika |[110] angrêngên ujar iki | anulya lumayya | matur ing gustinira | ajola Dipati Tubin | mangkya uninga | yèn dèn sandi ing Pathi ||
34. ayun mundura ing mangke [mang...]
--- [f. 184v] ---
[...ke] sampun kewuhan |[111] dadya anglampus iki | kawuwusa enjang | Panêmbahan Ngalaga | angandika sira aglis | hèh Prangwêdana | anabranga kariyin ||
35. angirida kêndhaga lante sêdasa | anabranga rumiyin | ing dhuwur dèn têbah | ing Gêgadhong[112] Kayumas | yèn uwis anyabrang iki | sira barisa | marêp mangalor iki ||
36. yèn ta isun têngara nuli mangsaha | poma sira dèn bêcik | dadya Prangwêdana | ngirid lampah sadasa | anabrang mangetan iki | prapta atata | marêp mangalor nênggih ||
37. Panêmbahan Ngalaga sigra anabrang | mangetan nulya jurit | ana ing Barakas | make Aprangwêdana | sigra têngara tumuli | lante sêdasa | saking kidul ngêbyuki ||
38. dadya wong Langsêm Tuban punika akewran |[113] yèn ana musuh prapti | saking kidul ika | nênggih Dipati Tuban | mojar mring wong Tuban iki | lah ta mundura | musuh nêrajang Tubin ||
39. dyan wong Tuban mundur alalos mangetan | wong Langsêm atut wuri | amawor Santênan | kari amagut yuda | ing Barakas dènnya jurit | anging tan kêlar | wong Pathi mung sadhidhik ||
40. dadya kaburu wong Pathi katututan | ing Kali Sampang iki | wong Pathi sêmana | kathah pêjah ing toya | dadya [da...]
--- [f. 185r] ---
[...dya] Ki Dipati Pathi | ical ing rana | tan kantênan puniki ||
41. tan karuhan pêjah kalawan agêsang | kocap natèng Matawis | wus mundur sêmana | mantuk dhatêng Mataram | punika babade dhingin | wêdana tugal | tinata ratu malih |[114]|
42. kawarnaa Senapati ing Mataram | dawêgira tinangkil | pêpak kang pugawa | miwah para sêntana | para putra sami nangkil | nulya gêganjar | sêntana lawan mantri ||
43. antarane kang yuda kala sêmana | ya ta Raja Matawis | sêmana sumalah | anèng bale Kajênar | kaya roning tata nabi | babade ika |[115] kang putra samya nangis ||
44. sasedane panêmbahan ing Kajênar | putra ikang sumêndhi | aran Ki Mas Jolang | ginêntèkkên ing rama | ajumênêng ing Matawis | bêlaba sira | jênêngira nrêpati ||
45. adawa make jênêngira raharja | Panêmbahan Matawis | ing kamuktènira | kawuwusa sêmana | duk akarya taman iki | ing Danalaya | sakilèning Matawis ||
46. nênggih laweyan pêthak ikang mêng-amêngan |[116] Panêmbahan Matawis | araning laweyan | nênggih pun Juru Taman | pinêrnah ing taman iki | ing Danalaya | sakilène ing puri ||
47. karana sêkti Panêmbahan ing Mataram |[117] yèn malêbêt ing warih | nora
--- [f. 185v] ---
têlês ika | nênggih pun Juru Taman | Panêmbahan ing Matawis | sinungga-sungga | kasmaran aningali ||
38. Asmaradana
[Radèn mas Jolang séda wonten ing Krapyak (Panembahan Séda Krapyak). Namung sakedhap adipati Martapura jumeneng nata ing Mataram. Radèn mas Rangsang gumantos jumeneng nata.[118]]
1. mangkya jumênêng nrêpati | ing Mataram wus alama | nêgara karta jamane | suka ikang kulawarga | tan ana kang malanga | anging putra kang pambayun | punika sangêt cawêngah ||
2. Adipati Pugêr iki | sadhèrèkira pangarsa | Adipati Pugêr mangko | puniku datan sêmbada | ambupati Mataram | ing mangke alon amuwus | alah kaki Măndaraka ||
3. kanjêng paman Mangkubumi | kadipundi rèh andika | igih ta wong sawiyose | kakang Pugêr wayah dika | apan sêdyane ika | akêdah jumênêng ratu | cêcangkok pribadi ika ||
4. ing Dêmak dipun karsani | akêdah wisma ing Dêmak | ature dipati karo | Ki Dipati Mangkubumya | Adipati Măndraka | puniku prasamya matur | lah jêbèng ta karsaniwang ||
5. suwawi tinurut iki | karsane raka panduka | prasami tinurut kabèh | mantri pakanira kathah | prasamya rêrêmbagan | kakangira Pugêr iku | karsane watên ing Dêmak ||
6. sasampune mêngkanèki | Pangeran Pugêr sêmana | wus mêdal saking kithane | saking jro kitha Mataram | saraja balanira | muwah pamomonge sampun | wasta pun Tăndhanêgara ||
7. glising carita puniki | Pangeran Pugêr punika | prapta ing Dêmak ta mangko | jumênêng Dipati [Dipa...]
--- [f. 186r] ---
[...ti] Dêmak | muwah pamamongira | pun Tăndhanêgara iku | wus jinujung luguhira ||
8. jinênêngakên pêpatih | aran Patih Panjêr ika | kinarya pêpatih roro | amarentah wong sa-Dêmak | Dipati Gêndhing ika | kêkalih jinujung luguh | watên ing Dêmak nagara ||
9. ênêngêna kang rumiyin | kocapa sri naranata | miyos sineba sang katong | pêpak sagung wadyabala | analika sêmana | ana pêrnah arinipun | kêkalih sampun diwasa ||
10. ing mangke jinujung ligih | kang aran Ki Mas Têmbaga | ya ta sêmana jênênge | Adipati Pugêr ika | muwah ikang pamêkas | kang aran Ki Mas Kadhawung | sadhèrèk waruju ika ||
11. sampun jinujung kang ligih | Dêmang Tanpanangkil ika | risampunira sang katong | kang dadi ăntawêcana | adipati ing Dêmak | pangeran ing Pugêr wau | sineba ing mantrinira ||
12. Dipati Gêndhing anangkil | Dipati Panjêr aseba | Pangeran Pugêr wus miyos | sineba ing balanira | pêpak para pugawa | ing ngarsa jêjêl supênuh | andhèr sêseban ing Dêmak ||
13. salor Gunung Kêndhêng iki | kerup ing Dêmak sêdaya | singa băngga kang punang wong | jinarah rajakayanya | Dipati Pugêr ika | tan arsa sewaka iku | marang nêgara Mataram ||
14. pirang taun laminèki | Pangeran Pugêr nèng Dêmak | nora aseba sang katong | dhatêng nêgari Mataram | sigêgên ta sêksana | ana gêntia winuwus | Sri Naranata Mataram ||
--- [f. 186v] ---
15. dawêg sineba ing mantri | sampun wau ingaturan | yèn kang padêdesan kabèh | loring Gunung Kêndhêng ika | sampun kerup ing Dêmak | Panêmbahan alon muwus | wruhanira wong Mataram ||
16. nadyan dèn irupa kabih | saloring gunung punika | sakidule gunung kabèh | iya dèn irupa pisan | isun ora suwala | pan iya panyananisun | wong roro dadi sanunggal ||
17. iya Dêmak ya Matawis | lah paman karsa kawula | mangke salewah karêpe | igih paman Măndaraka | kakang Pugêr punika | kawula aturi besuk | dhatêng nêgara Mataram ||
18. kawula kangên puniki | apanggih kalih pun kakang | lan kawula asrah kabèh | lan saloring gunung ika | samya ngidhêpa Dêmak | nênggih sakiduling gunung | sami tumut ing Mataram ||
19. lan malih kawula ajrih | ikang wêling kanjêng rama | singa miwitana awon | sampun amanggih raharja | Adipati Măndraka | alon wijile kang wuwus | lah jêbèng ulun sêmbada ||
20. lah ki anak Mangkubumi | lan ki anak Singasêkar | aturuna wicarane | dadya prasamya angucap | kabèh atur prayogya | ikang tinêdha sang prabu | patuta gènnya kêkadang ||
21. risampune mêngkenèki | Panêmbahan angandika | aputusan kang punang wong | ngaturi Dipati Dêmak | tan kawarna ing marga | prapta ing Dêmak wus matur [ma...]
--- [f. 187r] ---
[...tur] | Pangeran Pugêr tan kondang ||
22. gancanging carita nênggih | wus ingaturan ping tiga | nanging tan kondang sang katong | ping pat jangkêp ingaturan | asru datan katuran | sêdya angrêbut kaprabun | karsane jumênêng dhawak ||
23. panduka Aji Matawis | sêmana amêpêk bala | ya ta ngandika sang katong | hèh wadyanisun Mataram | adipati ing Dêmak | arsa ngayoni maringsun | angajak pasang drigama ||
24. Dipati Măndraka angling | lah jêbèng măngsa bodhoa | punapa ngawaki dhewe | andika dhatêng ing Dêmak | yèn pênêde andika | sampun ta amilu-milu | wusa ing para sêntana ||
25. Panêmbahan nulya angling | lamun si karsa manira | kawula panggiha dhewe | kakang Pangeran ing Dêmak | sêmana kawarnaa | gêgaman sampun sêsungut | prabawane badayuda ||
26. têngara sauran muni | orêg sabumi prakêmpa | kumrab syarane punang wong | wus miyos baris Mataram | andhèr punang gêgaman | jêjêl ing papan supênuh | sêmana campuh kang yuda ||
27. along-linongan kang jurit | surak lir pendah ampuhan | têngara umyang syarane | wong Mataram kadya gêrah | Dipati Gêndhing Dêmak | kapupu ing yudanipun | mustakanira tinigas ||
28. asor wong Dêmak kang jurit | Pangeran Pugêr
--- [f. 187v] ---
kesisan | Adipati Panjêr age | kaburu prange sasaran | binujung katututan | wus binănda winayuyung | Adipati Panjêr ika ||
29. Pangeran Pugêr sira glis | angrasuk kaprajuritan | ya ta angamuk karsane | ingbyokan[119] gêgaman kathah | kesisan wadyabala | liwung manahe sang prabu | tandange lir singa lodra ||
30. wong Mataram kathah mati | singa kang kaparag bubar | Pangeran Pugêr sêktine | tan ana braja tumama | nulya gawe karenah | bala Mataram wus rêmbug | prasamya gêgaman canggah ||
31. Pangeran Pugêr nulya glis | ing wau sigra cinanggah | kinêbyok gêgaman gêdhe | Pangeran Pugêr wus rêbah | rinêbut mring wong kathah | wus binasta dèn wayuyung | binêkta mring pasanggrahan ||
32. Panêmbahan ing Matawis | bubar saking pasanggrahan | kumrab wadyabala kabèh | mantuk dhatêng ing Mataram | Dipati Panjêr ika | tinuwêk anèng dalagung | mayid binuwang ing jurang ||
33. sang aprabu ing Matawis | kalawan sabalanira | prapta Mataram lampahe | dyan Pangeran Pugêr Dêmak | prapta Pajatèn ika | winangsulakên ing ênu | pinrênah ing Kudus ika ||
34. pinrênah ing lèpèn aglis | Pangeran Pugêr awisma | ikang anak putu kabèh | sami ngêtutakên ika | saking ing trêsnanira | punika sêngkalanipun | rêsi pêksa tata jalma |[120]|
35. Panêmbahan ing Matawis | dawêgira [dawê...]
--- [f. 188r] ---
[...gira] sinewaka | ki lurah ganjur wastane | aran Ki Găndamastaka | tinanêm anèng Dêmak | sartane jinujung luguh | Ki Tumênggung Suranata ||
36. dadya prabu ing Matawis | pan sampun eca kang manah | miwah kang sêntana kabèh | sêmana amung sanugal | wau kang dados manah | ing Jagaraga puniku | dene akutha priyoga ||
37. kathah piniwayah sigih | pangeran ing Jagaraga | ikang kinarya pamamong | anênggih Pangeran Răngga | prayayi Panaragan | mantri Kajaragan iku | Ngabèi Malangsumirang ||
38. lan Kya Panji Wirabumi | lan Ngabèi Nayahita | miwah kang lêlurah kabèh | kang wasta Ki Gêniroga | muwah Suragamarta | katiga kèhe[121] Lumaju |[122] sakawanipun Ki Soda ||
39. kalimanira puniki | awasta pun Nalahuga | kaping nême ika mangkong[123] | Ki Lurah Gandakawana | lawan Ki Singadarmpa | lan Ki Lurah Bakor iku | Ki Sumêngit kaping sanga ||
40. mantri Kajaragan sigih | kandhaga lante sakawan | lan lurah sêdasa kèhe | iku mantri Kajaragan | sami apagunêman | sêmunipun boya patut | ing parentahe sang nata ||
41. dadya ikang para mantri | sadaya angèsthi têmah | Pangeran Răngga yitnane | ikang mamong Kajaragan | sampun angèsthi pêjah | sêmana lalos ing dalu | angèsthi kitha Mataram ||
42. sampun angusi Matawis | para tumênggung sakawan | sadasa [sada...]
--- [f. 188v] ---
[...sa] ika lurahe | tumut marang ing Mataram | ngaturkên pêjah gêsang | sêmana sampun kinukup | dening sultan ing Mataram ||
43. Dipati Jagaragèki | asru sumêlang ing manah | dening cawêngah sang katong | angrasa lamun kapiran | mangke panyêthanira | tinilar ing wadyanipun | êlom manahe sang nata ||
44. dadya ing nalika mangkin | prapta utusan Mataram | kêndhaga lante lampahe | sêdasa marang ing pura | aglis binêdhol sira | sêksana binêkta mêtu | umahe jinarah ika ||
45. Pangeran Jaragan mangkin | ing wau binêkta mêdal | saking Mataram nulya ge | binêkta ngilèn punika | amung awak sêpata | pinrênah masigit watu[124] | kala sêmana tan lana ||
46. sêmana ingalih malih | pinrênah ing pulo ika | ing Nusabarong pêrnahe | kidul kilèning Mataram | sêmana binabadan | tanpa guna gati iku |[125] yoga sami èngêtêna ||
47. ênêngêna kang rumiyin | kocap Sinuhun Mataram | dawêg sineba sang katong | pêpak kang para pugawa | Panêmbahan ngandika | hèh sakèhing wadyanisun | pirsakna wirayat iwang ||
48. sagung ikang para mantri | ujar ngong pidhangêtêna | satilare rama katong | singa kang anêdya ala | aja manggih raharja | lan si paman Răngga iku | kang ana ing Kajaragan ||
49. mantri Kajaragan iki | sira ta padha muliha | Pangran Răngga amit lèngsèr | mantuk [mantu...]
--- [f. 189r] ---
[...k] sirèng Panaragan | kawarnaa ing marga | sêmana pan sampun rawuh | nêgara ing Panaragan ||
50. Pangeran Amangkubumi | kinêcapakên sêmana | aputra jalêr sawiyos | kalakung dinama-dama | dhatêng ing ramanira | sêmana jinujung luguh | ing Sokawati punika ||
51. Pangeran ing Sokawati | ya ta pêputra satugal | nênggih Mas Banthèng wastane | cinatur sampun diwasa | jinujung luguhira | anèng nêgari Madiyun | sarta lan pêpatihira ||
52. wus gêmah ikang nêgari | Madiyun kang kulawăngsa | ing Singasêkar winraos | kanjêng pangeran pêputra | jalu pinaparaban | Rahadèn Wujil jinujung | lêluguh saking kang rama ||
53. jênêng Arya Wiramantri | jumênêng ing Pranaraga | anasabi ing balane | wong Panaraga sêdaya | risampune mêngkana | sakèhing sêntananipun | kabèh wus sinungan pêrnah ||
54. kang raka natèng Matawis | sadhèrèk pagulu ika | Pangeran Juminah rane | aputra jalu sanunggal | risampune mêngkana | kang putra jinujung luguh | Pangeran Balitar ika ||
55. ya ta sapindhahe malih | Adipati Măndaraka | ya ta sakawan putrane | pawèstri ikang satugal | jalêr ikang têtiga | cinatur pambajêngipun | Pangeran Madurarêja ||
56. ikang pagulu puniki | Pangeran Ruju[126] punika | ikang panêngah wastane | Pangeran [Pangera...]
--- [f. 189v] ---
[...n] Di Wirapraba | Jurukithing punika | èstri pan wuragilipun | kabyah[127] wus sami diwasa ||
57. kang èstri sampun akrami | asal Ki Dipati Batang | ikang pambayun winraos | Pangeran Madunêgara | putranipun sakawan | kang roro jinujung luguh | watên dene kang atuwa ||
58. ikang asêpuh pribadi | Pangeran Madurarêja | anadene pagulune | wasta Pangeran Prasănta | kalih sami wanodya | ana ganti kang winuwus | putrane Sultan Mataram ||
59. gangsal putrane sang aji | sakawan kang sami lanang | sawiji èstri arine | pan sampun sami diwasa | putrane Panêmbahan | ya ta mêngkana cinatur | wastane satugal-tugal ||
60. ikang tugil ibu sigih | anênggih putra têtiga | Rahadèn Rawsang[128] wastane | pagulune Ni Mas Pandhan | katigane punika | Radèn Mêmênang waruju | punika maksih taruna ||
61. ikang sanes ibu sigih | nênggih kêkalih punika | pangeran ika wastane | Martapura nandhang lara | ikang rayi punika | Radèn Cakra wastanipun | ya ta mangke kawarnaa ||
62. risampune lami-lami | Panêmbahan ing Mataram | wus tuwuk panjênêngane | Panêmbahan nulya seda | gègèr wong sa-Mataram | ing Karapyak dènnya surud | para putra sami mular ||
63. punika babade dhingin | sanjata tri bayu tugal |[129] nuli jumênêng putrane | anèng Mataram sakêdhap | Pangeran [Pange...]
--- [f. 190r] ---
[...ran] Martapura | kêkudangane karuwun | syargi rama Panêmbahan ||
64. Dipati Măndraka angling | mring Pangeran Martapura | sira lumusura anggèr | kakangira jumênênga | Pangran Rasang Mataram | Pangeran nulya lumusur | saking kadhaton Mataram ||
65. kang para sêntana sami | sadaya wus samya rêmbag | muwah para mantri kabèh | Mataram kalakung rêmbag | ya ta Pangeran Rasang | iku jumênênga ratu | angaubi ing Mataram ||
66. kocapa Sang Adipati | Măndaraka cinarita | dening adawa umure | mênangi ratu têtiga | katiga kanjêng sultan | sêmana anuli surud | sinarèkkên ing Gambiran ||
67. Pangeran Madunêgari | kalih Juru Wirapraba | sêmana wus seda karo | sinarèkkên ing Gambiran | ikang maksih agêsang | Pangran Jurukithing iku | cinatur dawa umurnya ||
68. Pangeran Rasang anênggih | wus jumênêng ing Mataram | alah kang rama mênange | tulus jênênge narendra | suka sugih wong desa | kukuh panjênênganipun | ratu anyakrakusuma ||
69. têdhak wijiling wong mukti | turuning adi kusuma | wadyabala lakung sihe | mring Sultan Adi Mataram | lakung pangajinira | jinurung maring Yyang Agung | ratu wênang nêmbang durma ||
39. Durma
[Wadya Mataram lumurug dhateng bang wétan. Arya Suratani sénapati Mataram lampus. Kitha Malang bedhah.[130]]
1. kawarnaa sultan adi ing Mataram | enjang miyos tinangkil | pêpêk kang sêntana | muwah para pugawa | kulawarganira nangkil | wong priyataka[131] | tumbaksulam abaris [a...]
--- [f. 190v] ---
[...baris] ||
2. amarapit kang parise ompak-ompak | wargu tumbak panjalin | dhadhap lawan panah | lan pasikêpan tigar | wong Wirabraja marapit | Singanêgara | Martalulut lan Miji ||
3. Mantri Anom Gandhèk kalawan Kanoman | Jagabaya anangkil | Sangkragnyana seba | lawan wong Singamarta | Kartiyasa sisihnèki | panumbak pêthak | margăngsa dèrèng prapti ||
4. Pangeran Purubaya ligih bacingah lan Arya |[132] Wiramantri anênggih | Pangeran Juminah | Pangeran Singasêkar | lan Pangeran Mangkubumi | Pangeran Răngga | Măndaraka anangkil ||
5. lan Pangeran Prigalaya sarêng seba | lan Dêmang Tanpanangkil | Dipati Balitar | Pangeran Têpasana | lan Pangeran Sokawati | ing Pugêr ika | sêntana sami nangkil ||
6. sira Arya Suratani ingandikan | sira mangkata aglis | marang ing bang wetan | kabèh bala Mataram | pan têkakêna rumiyin | lan jênêngana | wong kang amagut jurit ||
7. gêgamanira alah kabèh mêrapata |[133] lan wongira sapalih | konên andhêsêka | barise wong Mataram | kang para mantri jênêngi | yèn angleda |[134] tumbakên saking wuri ||
8. sira Arya Suratani mit anêmbah | muwah kang tăndha mantri | pan sampun siga |[135] sarta gêgamanira | asaos karsaning gusti | ikang Mangkurat | mantuk ing dalêm puri ||
9. wau Arya Suratani mantuk [mantu...]
--- [f. 191r] ---
[...k] marang | wisma panggih lan rabi | anak rayatira | garwanira têtiga | pêpundhutan wus sumaji | prapta ki arya | rabinira nungkêmi ||
10. dipun atut adulur sawuriniwang | isun kinèn ajurit | dening jêng suhunan | kinon ajênêngana | mantri Mataram ajurit | dèn bisa sira | angawula ing wuri ||
11. alah uwis kantuna sira sun tilar | sadaya rabi mami | lawan anakira | iku dipun prayitna | manira mênawa mati | lan kawlasarsa | dadi trêsna sun iki ||
12. sami kapiluh rabinira sadaya | mulat suta lan rabi | asêmu sungkawa | ciptanira lan jiwa | waspanira adrês mijil | sarya ingaras | katiga garwanèki ||
13. alancingan pêthak kampuhira jiga | sabuk pathola wilis | akris cinitrèng mas | sêkang maniking toya | binapang ing mas angrawit | sêkar capaka | gănda marbuk amingi[136] ||
14. ênêngêna ikang tinilar murcita | ki arya nulya mijil | pêpak kang sêntana | muwah kang para putra | pan Ki Arya Suratani | ikang kinarya | Senapati Mêtawis ||
15. mantri Mataram akathah ingandikan | angiring Suratani | ya ta nuli bubar | wong Mataram wus mangkat | atata baris ing taji | wong Jagaraga | Pajang tumut abaris ||
16. sira Dêmang Jasupănta ingandikan | sira nusula aglis | sêksana umangkat | pan kasusul ing Pajang | sikêp agêng sadayèki | prapta ing kana | sakiduling Kadhiri ||
17. nêgara wetan ing mangke samya ta obah |[137] angrungu wong Matawis | tumindak mangetan | wong
--- [f. 191v] ---
Japan Wirasaba | Pasêdhahan lan Kadhiri | wong Surabaya | samya amêpêk baris ||
18. kagegeran wong cili angusi kitha | nêgara wetan iki | prasamya siyaga | jaga baris Mataram | ênêngêna ta rumiyin | kang kawarnaa | gêgamaning Matawis ||
19. sapraptane sakiduling Pasêdhahan | mangetan purugnèki | bala Pasêdhahan | baris sajroning kitha | gêgaman Matawis prapti | anèng Winongan | prasamya mondhok sami ||
20. ing Winongan sawetane Pasêdhahan | Ki Arya Suratani | mangkya angandika | hèh sira Alap-alap | sira angirida jurit | mantri sakawan | maring Arênon sigih ||
21. ing Lumajang rupêkên iku dènira | isun ngantèni ngriki | sigra Alap-alap | bêkta mantri sakawan | dhatêng ing Arênon aglis | nalika enjang | sêksana abêbaris ||
22. sampun suwung nagri ing Rênon punika | wonge angusi wukir | amung rajakaya | kêbo sapi akathah | kêbo wus jinarah sami | kitha Lumajang | nulya sami binasmi ||
23. Ki Tumênggung Alap-alap nèng Lumajang | ana satêngah sasi | nulya mundur sira | Tumênggung Alap-alap | datan kawarna ing margi | prapta Winongan | nulya sêseban aglis ||
24. Kyai Arya Suratani angandika | lah Alap-alap aglis | sira anuntuna | ya wong Mataram ika | dhatêng ing Malang sirèki | kang pangandika | abêdhah Malang iki ||
25. Kya Tumênggung Alap-alap awotsêkar | ing Pasêdhahan iki | punapa ing karsa | batên pênêd binêdhah | dêlingira Suratani | isun pan ora | winêkas ta puniki ||
26. Radèn Êmas Pêkik ika Surabaya | ikang [i...]
--- [f. 192r] ---
[...kang] jumênêng iki | anèng Pasuruhan | ing mangke wus lumayya | dhatêng Surabaya malih | nanging kang rama | butarêpan puniki ||
27. amung sira Ki Tumênggung Kapulungan | mangke kang anindhihi | kutha Pasuruhan | lah iya Alap-alap | para bubara kariyin | ya ta Lap-alap | sigra ambêndhe aglis ||
28. glising carita wong Mataram sampun bubar |[138] saking Winongan nênggih | lumurug ing Malang | tan kawarna ing marga | ing Malang kinêpung wani | kilèning kitha | pondhoke wong Matawis ||
29. wong Malang ika sami angêkêb ing kutha |[139] ya ta ki adipati | ing Tohjiwa ika | adipati ing Malang | wus alalos têngah wêngi | atilar bala | mangalor parannèki ||
30. mêdal Salumbung amangetan paranira |[140] maring Arênon nênggih | ênêngna saksana | kawuwusa ing enjang | wong Mataram samya ngrampid | kutha ing Malang | anulya dèn ugahi ||
31. apan nora ginêpok kitha ing Malang | wong Mataram ngumbèri | dadya kitha Malang | sêmana wus binêdhah | lir gêrah wong Malang nangis | wus binoyongan | kithane dèn abongi ||
32. wong Mataram prasamya andum boyongan | binêkta bubar mulih | mring bumi Mataram | lampahnya rêreyongan | amondhok ing Lampor sami | enjange bubar | alon dènnya lumaris ||
33. risampunnya mondhok ing Kandhat punika | enjang nulya lumaris | gêgaman Mataram | angiringkên boyongan | sêmana amondhok malih | ing Tambakbaya | sawetaning [saweta...]
--- [f. 192v] ---
[...ning] Kadhiri ||
34. ênêngêna wau gêgaman Mataram | wong wetan bangun malih | samya pagunêman | Pangeran Surabaya | lan Pangeran Japan nênggih | ing Wirasaba | Pasuruhan anunggil ||
35. wong Madurarêja sah apagunêman | amung tiyang Kadhiri | ika nora mêdal | sangêt panyodi karsa | milane datan miyosi | jaga Mataram | pondhok pêrêk Kadhiri ||
36. gêgamane prasamya têtunon sira | salor wetan Kadhiri | ing Babaran ika | galagah tinunonan | gita wadya ing Matawis | tunon pawaka | bala prasamya angling ||
37. hèh wong Mataram lah têtunon apa ika |[141] saking lor wetan iki | Tumênggung Lap-alap | marêk ing pasanggrahan | Arya Suratani angling | hèh Alap-alap | paekan apa iki ||
38. Tumênggung Alap-alap matur wotsêkar | tiyang wetan puniki | nungsul magut aprang | karsa nambulih ika | dhatêng panduka dipati | tiyang bang wetan | punika atut wuri ||
39. wong agung bang wetan sami ajêjarah[142] ika |[143] ikang boyongan iki | dadya sira Arya | Suratani ngandika | lah yèn mêngkono sirèki | wong bêboyongan | padha nabranga dhingin ||
40. Arya Suratani anêtêg têngara | wong Mataram wus bali | abaris satata | marêp mangetan ika | bêndhe tinitir
--- [f. 193r] ---
tan sipi | bala kumêrab | baris sakilèn kali ||
41. Pangeran Pajang kang dadi pangawat kiwa |[144] Pangeran Mangkubumi | Dipati Mandura | lan Dipati Prasănta | sagunge panumping sami | prentahanira | ngêpung kanan lan kering ||
42. risaksana gêgaman wetan wus prapta | baris wetaning kali | tan ana nabranga | bêdhil-binêdhil samya | gumêr kalangan ing kali | ramêning yuda | wong wetan lan Matawis ||
43. Angabèi Katawêngan manasbaran | anulya angaturi | punapa wêkasnya | yèn amunga mêngkana | dadya Arya Suratani | asru ngandika | payo nabranga aglis ||
44. kali iku aglis sira urugana | dyan wong Mataram aglis | kali jinurugan | kiwa têngên saksana | sampun arata lan pigir | bala Mataram | nulya tinata sami ||
45. Arya Suratani anêtêg têngara | obah bala Matawis | mangkya sikêp wetan | wêruh yèn wong Mataram | ayun anabrang ing kali | apajêg ika | barise wong Matawis ||
46. wong Mataram pangayune sampun nabrang | ya ta wong wetan aglis | sigra atêngara | surak kadi ampuhan | kadya karêngèng ing langit |
--- [f. 193v] ---
syaraning bala | gumuruh kang ajurit ||
47. dadya campuh ing musuh kalawan rowang | anèng sajroning kali | wadya ing Mataram | tan angucap ajriha | arame ukih-ingukih | bala kyèh pêjah | susun sajroning kali ||
48. Lèpèn Andaka sine mili ludira | kunarpa kathah mili | mati ing jro toya | awor mayiding kuda | sira Arya Suratani | catur wus pêjah | anèng sajroning warih ||
49. Angabèi Katawêngan ika pêjah | Ki Panji Wirabumi | pan ikang kabranan | Tumênggung Jagabaya | punika anandhang kanin | wong wetan ika | kondur dene ing bêdhil ||
50. Ki Arya Suratani mangke ngulatan | mayid anèng jro kali | samya ginogohan | ing kulawarganira | kunarpa susun atindhih | sumasang ing ram | awor lan kuda mati ||
51. risaksana Ki Suratani punika | mayide wus kapanggih | anèng jroning toya | katindhihan ing kuda | sampun binadhusa sami | baris Mataram | angayunakên kali ||
52. Wong Agung Mataram sami wau pagunêman |[145] Pangeran Mangkubumi | aris angandika | lah mêngko wong Mataram | bêcik anabranga kali | kulon bêngawan | ngalap papan abêcik ||
53. Pangeran Pugêr aris dènnya angandika [a...]
--- [f. 194r] ---
[...ngandika] |[146] lah paman Mangkubumi | dede sêsaguhan | talitining Mataram | tata angênggèni sigih | têngahing rana | padhane wêdi mati ||
54. yèn mêngkono gêgaman aja na tigal | wong wetan maksih baris | eman Si Tambaga | jumênêng adipatya | ing Pugêr Anom Matawis | panêdhani[147] Yyang | matia ing ajurit ||
55. ênêngêna dalu nalika wus enjang | nulya têngara muni | bala ing Mataram | obah atata gaman | wong wetan nêrajang malih | bala Mataram | nabrang wetaning kali ||
56. sampun campuh wong wetan lan wong Mataram | rame asilih ukih | anumbak-tinumbak | bêdhil-binêdhil ika | tan ana angucap ajrih | padha prawira | wong wetan kathah mati ||
57. Arya Pulangjiwa prajurit ing Japan | Ki Jalaga Jakarti | wong saking Madura | asawita[148] ing Japan | Arya Pulangjiwa iki | pan nora nana | braja kang dèn sigahi[149] ||
58. yèn katiban mimis sajêruk punika | kadya dipun pijêti | sampune mêngkana | Dipati Tambakbaya | tumulyya anangking bêdhil | mimis kancana | sigra amarêpêki ||
59. Arya Pulangjiwa anulya sinipat | kêni pucuking alis | mijil netranira | atakèn panakawan | lah
--- [f. 194v] ---
bocah kaya pa mami | yèn auripa | netranisun puniki ||
60. pantês dadi cacad isun lawan nora | saksana matur aris | andika gih cacad | yèn awèta mêngkana | Arya Pulangjiwa angling | lah singsêtana | ambêne jaran mami ||
61. Arya Pulangjiwa anyamêthi kuda | angêmbat watangnèki | sarwi sumbar-sumbar | ya isun si rupanya | bobote Jaran Panolih | Pangeran Japan | ambêndhe sira aglis ||
62. sarêng mara wong musuh kalawan rowang | sêksana nêmpuh jurit | Arya Pulangjiwa | angamuk wong Mataram | sinabêt kuda ngajrihi | pinarêbuan[150] | tur gêni têkan bêdhil ||
63. pira kuwate Ki Arya Pulangjiwa | rinoban ing ajurit | Pulangjiwa pêjah | sinasog ganjur rangap | wong wetan tandangnya wiwrin | kathah kang pêjah | kapalayu tan sipi ||
64. wong Mataram anututi sikêp wetan | pating balêsar ngusi | pinêgat ing ngarsa | kathah wong kapêgatan | atilar gêgamannèki | nulya jinarah | kathah jarahannèki ||
65. Pangeran Japan lumayu abêbocengan |[151] atilar kudanèki | tumuruna sigra | risampune mêngkana | wong Mataram sami bali | lah kawruhana | iki babade dhingin ||
66. sênjata tri kang maruta ing sajagat |[152] ucapên wong Matawis | sami mundur sira | mantuk dhatêng Mataram | datan kawarna ing margi | anulya prapta | nagri kitha Matawis ||
67. Panêmbahan Mataram dawêg sineba | pêpêk kang tăndhamantri | ênêngna saksana | bêdhahe Malang ika | wêtawis ana sawarsi | Sultan Mataram | prabu anom rêspati ||
--- [f. 195r] ---
40. Sinom
[Sultan Ingalaga (radèn mas Rangsang) lumurug dhateng Wirasaba, wadyanipun kathah ingkang pejah amargi kénging gegering. Negari Wirasaba bedhah. Negari bang wetan badhé ngraman dhateng Mataram.[153]]
1. kanjêng sultan ing Mataram | ngandika mring wadyanèki | hèh wong Mataram saosa | sadandananing ajurit | isun karsa nindaki | marang Wirasaba besuk | Dipati Martalaya | nêmbah matur mring nrêpati | sapa sitên gusti paduka adua ||
2. tumindak nagri bang wetan | Sultan Ingalaga angling | wruhanira Martalaya | isun dhewe kang ngawaki | ya ta Sang Adipati | Martalaya nêmbah matur | yèn suwawi ing karsa | sampun panduka ngawaki | mapan gusti sêntana dalêm akathah ||
3. wong agung sêpuh sadaya | punika kula aturi | kanjêng sultan angandika | tan kêna cinênggah[154] kami | lèngsèr sri narapati | kondur malêbêt kadhatun | ya ta kawarna enjang | sang nata miyos tinangkil | sarya ngrasuk kaprabonira ngayuda ||
4. sigra mangkat sri nalendra | ingiring para prajurit | sajêmbaring ara-ara | kèbêka[155] dening kang baris | gancang carita nênggih | wus prapta wetan Madiyun | ênêngêna sang nata | kocapa wong wetan sami | pagunêman Arya Tăndha Wirasaba ||
5. ing Tuban [Tu...]
--- [f. 195v] ---
[...ban] wus kinokonan | ya ta dipati ing Tubin | anulya amêpak bala | parau sampun cumawis | sigra abubar aglis | gêgaman mêdal parau | miwah kang mêdal dharat | wus anabrang ing bênawi | ênêngêna kocapa baris Mataram ||
6. wus prapta ing Wirasaba | masanggrahan raja adi | salor kitha Wirasaba | anging ta datan atêbih | lagya satêngah sasi | lampahe Raja Matarum | sikêp dalêm kèh rusak | prasamya kênèng gêgêring | kang kocapa wadya Tuban kawus prapta ||
7. wong Japan lan Pasuruhan | miwah nagri ing Kadhiri | sadaya sami siyaga | nèng nêgarane pribadi | sadayanira sami | sêdyane amagut musuh | sêmăngsa tumindaka | wong Surabaya puniki | atanapi bupati măncanêgara ||
8. dipati ing Surabaya | sêdya mangkat anulungi | mring Dipati Wirasaba | angayuh Dipati Tubin | èwêde ikang galih | pan nora gêlêma iku | abaris anèng ngarsa | wau Ki Dipati Tubin | lakung èmêng Ki Dipati Surabaya ||
9. ki adipati ing Tuban | tulung Wirasaba iki [i...]
--- [f. 196r] ---
[...ki] | lah konên mêdal dèn egal | apa karyane nèng ngriki | ya ta Dipati Tubin | tinundhung mantuk tan purun | lah ta apa karannya | tinundhung tan gêlêm mulih | kinèn tulung Wirasaba datan miyang ||
10. dipati ing Surabaya | tan eca tilar nêgari | dening Adipati Tuban | tan kesah saking ing ngriki | dadya kapiran sami | Dipati Surabayèku | datan kesah tulunga | dhatêng Wirasaba mangkin | pan sadaya măncanêgara tan mêdal ||
11. kocapa ing Wirasaba | Pangeran Arya ing mangkin | tinanêm nèng Wirasaba | dèrèng diwasa ing mangkin | awayah sangang warsi | wastane pamamongipun | nênggih Răngga Pramona | ikang dadya senapati | Wirasaba kalakung prakosyanira ||
12. nênggih Ki Răngga Pramona | kalakung prawira sigih | kalamun ngidêri kitha | tansah tinandhu jinali[156] | datansah dèn idêri | palataran kitha iku | utusan Surabaya | wong sèwu kathahe prapti | lintang èmêng dene putusan kewala ||
13. ênêngêna ing jro kitha | kocapa Sultan Matawis | kang abaris sudyèng kitha | ikang aran Rajadadi | ikang dipun pondhoki | Raja Mataram puniku | ikang abdi kyèh rusak | sami kêna ing gêgêring | kathah pêjah wadyanira [wa...]
--- [f. 196v] ---
[...dyanira] kanjêng sultan ||
14. Jêng Pangeran Purubaya | Pangeran Juminah sami | lan Pangeran Mêtasona | Pangran Prigalaya sami | angumpul lan wong Pathi | kidul kitha pêrnahipun | sabala wadyanira | tinitihan sami-sami | duk kinêpung jroning kutha ingobongan ||
15. igih wong agung têtiga | nênggih Pangran Mangkubumi | lan Dipati Tojiwala | lan Pangeran Singasari | punika pêrnahnèki | wontên wetan ênggènipun | nênggih Dipati Pajang | lan Dipati Ngaosragi | ikang dados pangajênge kanjêng sultan ||
16. sri nalendra angandika | marang ing Martalayèki | ikang kidul wêngakêna | musuh dimone lumaris | lah undurêna iki | Martalaya dèn agupuh | ingawe Martalaya | prapta ngarsa dèn bisiki | kanjêng sultan mèsêm sarya angandika ||
17. Martalaya isun tiwas | prajurit agring kyèh mati | nora pêjah samya payah | ing mêngko ta karsa mami | ing Wirasaba iki | isun gagalakên iku | nora sida sun bêdhah | Martalaya awotsari | nadyan kantun amba kalih panakawan ||
18. bontên sêdya kula tilar | ing Wirasaba puniki | ing mangke kawula bêdhah | Martalaya nêmbah amit | sigra têngara muni | wong Mataram mangsah sampun | maju ngrangsang bêngawan | nanging sikêp dalêm iki [i...]
--- [f. 197r] ---
[...ki] | datan obah wau saking pêrnahira ||
19. kocapa Răngga Pramona | wus tinigas jăngganèki | ikang angapung lor wetan | wruh yèn kitha bêdhah iki | sigra angrasang[157] wani | winadung korine sampun | kitha ing Wirasaba | madhapa sampun binasmi | dyan Pangeran Wirasaba wus binasta ||
20. anulya binakta mêdal | sarta bêboyongannèki | tangise èstri lir gêrah | wong ngrêrayah kêbo sapi | aglis carita nênggih | Sultan Mataram pan kondur | dhumatêng ing Mataram | ênêngêna ta kariyin | pan Ki Răngga jisime binakta mêdal ||
21. wontên sakilèning kitha | ginantung sinung kêkitir | iya Ki Răngga Pramana | gênti kang kocapa nguni | wong Japan kang winarni | mêdal saking kuthanipun | dhumatêng Surabaya | wadyane ngundang wong Tubin | ikang wontên jroning kitha Surabaya ||
22. Dipati Tuban wus wikan | yèn Dipati Japan prapti | Dipati Tuban wus mêdal | saking kitha Surabanggi | karsa kondur mring Tubin | sigra anumpak pêrau | muwah ikang adharat | gancang lampahe ing margi | èngêtêna duk sêmana sinêngkalan ||
23. têksaka tiga prangira |[158] warnanên jêng sultan prapti | wontên [wontê...]
--- [f. 197v] ---
[...n] nagri ing Mataram | cinarita pitung sasi | kocap nagari Tubin | amêpêk gêgaman agung | Kyai Patih Jasănta | pêpatihira ing Tubin | dyan umatur amba arsa angluruga ||
24. nêgari wetan punika | samya arsa ambantoni | ing lampah amba punika | ingidenan mangkat aglis | angidul ngilèn prapti | agêpuk ing Singasantun | suyud ikang kamargan | sadaya sami angili | adipatinya ing Singasari punika |[159]|
25. Ngabèi Wirakusuma | sampun angaturi uning | yèn mêngsah wetan kumêrab | sêdya gêcak Singasari | Patih Jasănta nênggih | ing Tuban kang ngirid laku | Ngabèi Wirakusuma |[160] ing mangke atulung jurit | pan rinasa badane nora kuwawa ||
26. Ngabèi Wirakusuma | alalos dalu sira glis | ing Singasari tinilar | suwung tan watên ngênggoni | wong wetan sigra prapti | kitha Singasari suwung | Kyai Patih Jasănta | acuwa sira ing ati | sigra bubar mundur ngalor kang sinêdya ||
27. Ki Jasănta ngarah-arah | agêpuk nêgara Pathi | prapta jajahan Santênan | wong desa samya angili | Jasănta lampahnèki | datansah amangu-mangu | kandhêg kiduling
--- [f. 198r] ---
kutha | Jasănta bubar ing wêngi | pan angrasa lamun dede musuhira ||
28. Ki Tumênggung Alap-alap | anututi praptèng Pathi | nanging datan katututan | Jasănta wus bubar mulih | tan kawarna ing margi | prapta Langsêm lampahipun | wus numpak ing baita | alayar mantuk mring Tubin | èngêtêna sêmana duk sinêngkalan ||
29. amanggih êndhoging buta |[161] wong Tuban wus bubar mulih | winatawis gangsal wêlas | ing Surapringga winarni | aparêmbagan sami | lan Dipati Japan iku | Dipati Kapugungan | ing Pasuruhan wus prapti | tiyang agung bang kidul pêpêk sadaya ||
30. miwah nagri lor laotan[162] | Sampang Balega ing Sagi | Sumênêp lan Pamêkasan | Baweyan prasamya prapti | sabusana ngajurit | pêpêk nèng Surabayèku | miwah wong Surabaya | sêmana wus pacak baris | dyan dipati ing Tuban sampun siyaga ||
31. ing Langsêm Tuban ngutusan | mring Dipati Surabanggi | Dipati Langsêm siyaga | sadadanane ngajurit | sampun mangkat wong Tubin | ya ta wau mêtèng kidul | kocap wong Surabaya | miwah wong Japan [Japa...]
--- [f. 198v] ---
[...n] abaris | wong gung sabrang sampun atata gêgaman ||
32. tan antara sigra bubar | prasamya kampir ing Giri | angujung dhatêng astana | sampunnya angujung sami | nulya asohan aglis | dhumatêng susunan ratu | Panêmbahan wus tuwa | mangkya angandika aris | paran karya sadaya para dipatya ||
33. dipati ing Surapringga | miwah sagung pra dipati | samya umatur manêmbah | kawula anuwun idi | sêdya amba ing mangkin | arsa lumampah angidul | nglurug dhatêng Mataram | sêdya amba sadayèki | dening rajèng Mataram lakung diksura ||
34. Sinuhun Giri ngandika | sabdane arum amanis | yèn manira durung măngsa | para anglurug Matawis | Dipati Surabanggi | sadaya anêmbah matur | pun Adipati Pajang | angait Dipati Tubin | tuwin amba kinait dening wong Pajang ||
35. rêmbagnya Dipati Pajang | benjang têmbe yèn ajurit | ambalik mêngsah Mataram | arsa ngamuk saking wiking | nênggih nagri Matawis | yèn batên bêdhah puniku | tiyang nêgari wetan [we...]
--- [f. 199r] ---
[...tan] | angilia mumpung mangkin | batên sande binayong dhatêng Mataram ||
36. Sunan Parapèn ngandika | lah mangkonoa ta kaki | hèh sakarsanira dhawak | mapan ta sami prajurit | nanging dèn ngati-ati | satikah polahing rèku | sakyèh para dipatya | sadaya anuwun pamit | samya bubar mudhun saking Argapura ||
37. samya nitihi gêgaman | sowang-sowang balanèki | anulya sami umangkat | datan kawarna ing margi | panggih Dipati Tubin | prasamya amondhok sampun | sadalu pagunêman | angraosi margi radin | kawarnaa kajinêman ing Mataram ||
38. asawita anèng Tuban | Ki Randhu wastane têlik | ikang awisma ing Tuban | laminira tigang warsi | Kyai Dipati Tubin | lakung sihe mring Ki Randhu | kangge saaturira | dhatêng Ki Dipati Tubin | sawarnine wong agung aparêmbagan ||
39. pangulah samya tur sêmbah | sadayane punang têlik | dinangu mring gustinira | êndi margane kang bêcik | ikang wiyar aradin | kang anjog Mataram iku | ya ta wong kajinêman | wetan sadaya ngaturi | batên kadi mêdal Madiyun kang wiyar ||
40. arêsik [arê...]
--- [f. 199v] ---
[...sik] radin ajêmbar | bala botên kirang bukti | anumpak ing Jagaraga | anjog ing Pajang nêgari | Dipati Singasari | Pangran Surabaya muwus | lah saliyane ika | mênawa na margi radin | pun pangulah samya matur gustinira ||
41. watên mêdal lèr punika | saking Langsêm anjog Pathi | kapering nêgari Dêmak | punika aradin malih | wadya agung binukti | amurah barang tinuku | Dipati Surabaya | ngandika mring pra dipati | pan pangulah măncanêgara sadaya ||
42. mênawa ana dêdalan | sapa wruh matura aglis | nulya Ki Randhu sêksana | amiyarsa turing têlik | maras manahing rèki | tan pakolih lampahipun | kathah wadya bang wetan | wadya Mataram akêdhik | yèn panggiha pêrang papak kang ajêmbar ||
43. wadya Mataram karoban | kaukulan[163] jajahnèki | sigra wau Randhuwatang | umatur sarwi bêbisik | dhatêng Dipati Tubin | sarya pranata turipun | punika dahat salah | ature têlik rumiyin | pan bilai panduka èstu nuruta ||
44. ya ta Adipati Tuban | ing mangke umatur aris | igih kawula pangeran | amba pan adarbe têlik | igih bilih udani | margi kang radin pukulun [puku...]
--- [f. 200r] ---
[...lun] | wasta pun Randhuwatang | pangeran ngandika aris | Randhuwatang isun tuduhêna marga ||
45. matur têlik Surabaya | amba umatur kang abdi | upami panduka dhahar | ature têliking Tubin | kang lêrês dadi sisip | Pangran Surabaya bêndu | hèh ta wong Surabaya | cêkêlên pangulah iki | gawe apa ngawulakakên wong tiwas ||
46. datan abêcik Ki Wăngsa | ing têmah ambêbayani | kajinêman roro ika | pangulah cinêkêl aglis | pangulah sarya angling | asêngara wurinipun | benjang sapukuriwang | ayya ngawula sirèki | wong bang wetan satriya tan wruh wêweka ||
47. taha yèn wêdia pêjah | lah mara lêkasa aglis | kajinêman kang ingatag | saksana anuduk aglis | kajinêman kêkalih | sarêng sinudukan sampun | kalih sarêng palastra | ya ta kawarnaa enjing | arsa bubar sakèhing para dipatya ||
48. sakèhing para niyaka | arame têngaranèki | kêndhang gong munya sauran | rame syaraning turanggi | awor syaraning bêdhil | gubêl karbêting lêlayu | sajêmbar ara-ara | kèbêkan dening kang baris | galagahan ingidak [ingida...]
--- [f. 200v] ---
[...k] dadi leleran ||
49. gêgunung dadya lêlêbak | kang wadya samya akibir | ikang sawanèh angucap | wong batur sapisan iki | tan wurung ing Matawis | karoban sagara gunung | silêm măngsa katona | datan wurung bêdhah mangkin | payo gawe garu walaku[164] dèn egal ||
50. lamun bêdhah ing Mataram | wong batur aja na mulih | payo bajura sêsawah | anèng ing Mataram benjing | yèn uwus panèn sigih | rabi ngong parani besuk | ya ta Dipati Japan | mangkya angandika aris | yèn kalaha isun wirang ing Yyang Suksma ||
51. abangêt wirang ing Allah | sun têdha marang Yyang Widi | yèn Mataram datan bêdhah | suka matia ngajurit | ênêngêna kariyin | gêntia ikung[165] winuwus | kocap Sultan Mataram | sampun ngaturan upêksi | mêngsah wetan wong agung prapta sadaya ||
52. katur yèn Dipati Pajang | rêbag[166] lan Dipati Tubin | mila mêngsah wetan prapta | Dipati Pajang ngaturi | nanging Sultan Matawis | tan adhahar aturipun | mohal yèn mêngkonoa | si paman Pajang nêgari | Alap-alap angandikan marang sultan ||
53. mêtua Nglangsêm dèn egal | anjoga sira ing
--- [f. 201r] ---
Pathi | adhi Dipati Santênan | aja ora têkèng Pathi | lan sira kaping kalih | mênawa anêmu musuh | narajang ing Santênan | sira lêlayua aglis | Kya Tumênggung Alap-alap amit nêmbah ||
54. sigra gêgaman wus bubar | angalor dhatêng ing Pathi | kanjêng sultan angandika | padha amêpêka baris | sigra wadya Matawis | amêpak gêgaman sampun | tuwin para sêntana | sabusana ing ajurit | sampun pêpak para niyaka Mataram ||
55. wus miyos Sultan Mataram | abusana binuka sri | angrasuk kaprajuritan | sigra mangkat sri bupati | barisan anèng taji | kanjêng sultan dyan arawuh | nitih liman lêlawak | ngandika luhuring èsthi | alah payo bubarêna barisira ||
56. panumping kang anèng ngarsa | Japan ta ikang nitihi | Ki Martalaya punika | nitihi panumping kering | miwah para dipati | anèng ngarsane sang prabu | kajêng sultan ngandika | hèh Mêrtalaya sirèki | prentahana sakèhe wadya Mataram ||
57. sakèhing kali lan wangan | padha kinèn angurugi | dimone aja kandhêga | kang musuh egala prapti | ya ta sakèhing [sa...]
--- [f. 201v] ---
[...kèhing] kali | nulya ingurugan sampun | lan alas êlor ika | aja ta sira babadi | lan si paman ing Pajang nora katingal ||
58. Kya Dipati Mêrtalaya | manêmbah umatur aris | igih paman tuwan Pajang | Bêbêluk dènnya abaris | sêntanane pribadi | agunêm sakancanipun | paran karsane baya | Dipati Pajang tan prapti | samya gunêm sapukure sri nalendra ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.172. (kembali) |
2 | angyêktèni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 42.2.5). (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Senapati Nglaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 42.13.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 42.13.3); sinêmbah Ngalaga (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.9.3). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Jagaraga adan samya siyaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 42.18.1). (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Tuban Sidayu sampun ingutusan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 42.21.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 42.21.1); nagi Tuban Sidayu samya utusan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.16.1). (kembali) |
6 | Lasêm (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.17.2). (kembali) |
7 | Madura (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.17.4). (kembali) |
8 | anyiram. (kembali) |
9 | Kurang satu gatra: gatra ke-3 (6a). Bandingkan: Pangalasan wastane ingkang dinuta | tur bêkti nulya amit | Dipati Panraga | pamit karsa mantuka | rajèng ing Madiun nuli | amêpak bala | wong desa sami sawis [cawis] || (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 15.65.1–7). (kembali) |
10 | anglorod (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Dipati Panragan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.24.3); wadya Pranaraga (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 15.66.3). (kembali) |
12 | ênêngêna (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.24.7). (kembali) |
13 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: prapti (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 15.67.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.25.5). (kembali) |
14 | pinisalin (dan di tempat lain). (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Surabaya pan sampun nata gêgaman (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 15.72.1); wadya Surabaya sampun asiyaga (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.29.1). (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah ing ngriku ta kariyin (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 15.73.5). (kembali) |
17 | têtemboka. Bandingkan: tatemboka (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.35.1). (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Adisara matur sarwi awotsêkar (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 15.88.1); Adisara ature amêlasarsa (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.40.1). (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: pun Wurung myang Gêdhong iya undhang-undhang. (kembali) |
20 | ginanggu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.175, Pupuh 32.47.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.45.3). (kembali) |
21 | Lebih dua suku kata: srah panungkul marang ing Madiyun ika. Bandingkan: asrah panungkul maring jêng panêmbahan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.49.1). (kembali) |
22 | Bandingkan: mêngko (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.50.6). (kembali) |
23 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.176. (kembali) |
24 | jumêrojog (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.176, Pupuh 33.3.7). Bandingkan: jumarojog (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 43.48.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 43.49.7). (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: datan sêdya-sinêdya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 53.16.5). (kembali) |
26 | kêkoloh. (kembali) |
27 | Biasanya guru lagu e(o). (kembali) |
28 | kober (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.178, Pupuh 33.29.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 17.10.1). (kembali) |
29 | sampun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.178, Pupuh 33.31.3). (kembali) |
30 | kadhosok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.178, Pupuh 33.31.3). (kembali) |
31 | anggêgilani (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.178, Pupuh 33.37.1). (kembali) |
32 | Biasanya guru lagu e(o). Bandingkan: mung kalih atus kathahe (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 17.23.3). (kembali) |
33 | atangguh. (kembali) |
34 | Bandingkan: pêkênira aja gantya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.179, Pupuh 33.45.7). (kembali) |
35 | kuda. (kembali) |
36 | Biasanya guru lagu e(o). Bandingkan: mêtu kidul kuda akèh (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 17.32.3). (kembali) |
37 | ganjur (dan di tempat lain). (kembali) |
38 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: kathahi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.180, Pupuh 33.55.1). (kembali) |
39 | angroyok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.180, Pupuh 33.55.3). (kembali) |
40 | rêbah (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 53.58.5). (kembali) |
41 | Bandingkan: dahwèn (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 53.58.7). (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: layak nagri ing Madiun (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 17.45.6); lah ta nagara Madiun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 53.60.6). (kembali) |
43 | anjola (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.181, Pupuh 33.68.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 17.49.5). (kembali) |
44 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.182. (kembali) |
45 | kêstule (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 18.10.3). Bandingkan: pastule (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.10.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 45.10.4). (kembali) |
46 | angêntèkkên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.183, Pupuh 34.11.1). (kembali) |
47 | ambêbayani (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.183, Pupuh 34.11.9). (kembali) |
48 | andhadhani (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.183, Pupuh 34.14.5). (kembali) |
49 | Bandingkan: bayunira lwir dèn lolosi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.19.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 45.20.5); bayunira anglêlalosi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 54.15.5). (kembali) |
50 | sang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk.,Jilid 1.184, Pupuh 34.19.5). (kembali) |
51 | Bandingkan: mangke katarucut (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 45.24.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.23.7). (kembali) |
52 | kayèngsun. Bandingkan: kadyèngsun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 54.33.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.37.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 45.38.4). (kembali) |
53 | kacangking (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.185, Pupuh 34.35.5; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 45.38.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.37.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 54.33.5). (kembali) |
54 | pinanganggèn (dan di tempat lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 54.39.5). (kembali) |
55 | anglênggak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.186, Pupuh 34.44.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.46.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 45.47.2). (kembali) |
56 | amungkasana (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.186, Pupuh 34.46.2). (kembali) |
57 | nglarihi. (kembali) |
58 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.189. (kembali) |
59 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kawarnaa nagri brang wetan nênggih (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.1.2); kang kocapa wong agung wetan nênggih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.1.2). (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Kyai Răngga Prêmana kang kinardi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.4.2). (kembali) |
61 | angrêpda (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.7.4). (kembali) |
62 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: putranira sasonga kang winilis (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.13.2). (kembali) |
63 | Bandingkan: Ki Mas Kajoran (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.17.1). (kembali) |
64 | Pringgalaya (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.190, Pupuh 35.17.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.19.4). (kembali) |
65 | Nayakarti (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 19.23.7). (kembali) |
66 | sihing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.191, Pupuh 35.22.5). Bandingkan: nugraha (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.24.5). (kembali) |
67 | Lebih satu suku kata: gih suka kula dadi juru sabin. (kembali) |
68 | Bandingkan: la-gêla (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.191, Pupuh 35.25.1). (kembali) |
69 | paningsêt (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.191, Pupuh 35.28.6). (kembali) |
70 | Bandingkan: raosing tyas kawrat sanjoring tulis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 55.28.2). (kembali) |
71 | Lebih satu suku kata: lan sira ngantia wong Surabayèku. (kembali) |
72 | Lebih satu suku kata: saragni wus bêdhil-binêdhil sami. (kembali) |
73 | bandayuda (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.192, Pupuh 35.42.5). (kembali) |
74 | Kartimăngsa. (kembali) |
75 | Kurang satu suku kata: dyan Kyai Saradipa mangke umatur. (kembali) |
76 | Lebih satu suku kata: Saradipa lawan Ki Senapati. (kembali) |
77 | Dêlêm (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.194, Pupuh 35.57.2). (kembali) |
78 | anggêpuk (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.194, Pupuh 35.63.2). (kembali) |
79 | Tanggal: pandhita angalih tata bumi (S 1527). Tahun Masehi: 1605–6. (kembali) |
80 | Kurang satu suku kata: kongkonên angudhunêna gajah ingsun. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: nulya dadya dalême Senapati. (kembali) |
82 | Lebih satu suku kata: cacah wong sèwu limang atus niki. (kembali) |
83 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.196. (kembali) |
84 | Tanggal: nrus lunga marganing bumi (S 1509). Tanggal Masehi: 1587–8. Lihat juga: nrus lunga margèng bumi (S 1509) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 21.4.5); anrus lunga margèng bumi (S 1509) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 56.4.4). (kembali) |
85 | Bandingkan: hèh kamangka ranakingsun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.196, Pupuh 36.6.6). (kembali) |
86 | parentahing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.196, Pupuh 36.6.7). (kembali) |
87 | ingangkah (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.197, Pupuh 36.13.6). (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata: mondhok samya nata-nata. (kembali) |
89 | Mangkubumi (dan di tempatl lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 11.198, Pupuh 36.21.2). (kembali) |
90 | Lebih satu gatra: gatra ke-3 (8a) dan ke-4 (8a) hampir sama. (kembali) |
91 | Kurang dua suku kata: punika ikang angirid. (kembali) |
92 | Pesagi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.198, Pupuh 36.27.2). (kembali) |
93 | Lebih satu suku kata: Kenthol Jêjagung lawan Ki Saradipa. (kembali) |
94 | Pêsagi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.199, Pupuh 36.33.8). (kembali) |
95 | ambalik (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.199, Pupuh 36.35.2). (kembali) |
96 | Kurang satu suku kata: têka anêmbah wong kathik. (kembali) |
97 | Bandingkan: aja kakehan ujar (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 56.70.7). (kembali) |
98 | binêncah. (kembali) |
99 | Lebih satu suku kata: sarêng lumayu lan Ki Răngga Lêlana. (kembali) |
100 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.202. (kembali) |
101 | Tanggal: wong wani apêrang iki jalma (S 1511). Tahun Masehi: 1589–90. (kembali) |
102 | Lebih satu suku kata: mantri Mataram pun ginanjar sadaya. (kembali) |
103 | tinindakana (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.202, Pupuh 37.11.2). (kembali) |
104 | Lebih satu suku kata: dening jaluk dhusun salore ing arga. (kembali) |
105 | Dipati. (kembali) |
106 | ambangkang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.203, Pupuh 37.18.1). (kembali) |
107 | Lebih satu suku kata: pun Patrahita sampun pamit anêmbah. (kembali) |
108 | Lebih satu suku kata: nêngêna saksana. (kembali) |
109 | Lebih satu suku kata: glising crita wong Lasêm sampun abubar. (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dadya pangulah Lasêm Tuban samana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 50.21.1). (kembali) |
111 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: arsa mundura mangke wus kasompokan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 50.22.1). (kembali) |
112 | Bandingkan: Gagodhong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 50.23.4). (kembali) |
113 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dadya wong Lasêm Tuban punika wikan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 50.26.1). (kembali) |
114 | Tanggal: wêdana tugal tinata ratu (S 1519). Tahun Masehi: 1597–8. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 50.29.6–7. (kembali) |
115 | Tanggal: kaya roning tata nabi (S 1513). Tanggal Masehi: 1591–2. Biasanya kata "roning, ron" berwatak bilangan satu (1), meskipun wafatnya Panembahan Senapati Ingalaga (bertakhta c. 1584–1601), yang menjadi acuan sangkala ini, dianggap terjadi pada S 1523 (1601–2) (Ricklefs, 1981, hlm. 39). Bandingkan: kaya ron tata nabi (S 1523) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 50.41.7). (kembali) |
116 | Lebih satu suku kata: nênggih laweyan pêthak kang mêng-amêngan. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: krana sêkti Panêmbahan ing Mataram. (kembali) |
118 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.206. (kembali) |
119 | Bandingkan: ingêbyokan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.208, Pupuh 38.29.4). (kembali) |
120 | Tanggal: rêsi pêksa tata jalma (S 1527). Tahun Masehi: 1605–6. Lihat juga: rêksi paksa nata janma (S 1527) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 52.58.7); rêksa paksa tata jalma (S 1527) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 1.36.7). (kembali) |
121 | kae. (kembali) |
122 | Bandingkan: katigane Ki Lumayu (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 1.40.6). (kembali) |
123 | mangko (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.209, Pupuh 38.39.3). (kembali) |
124 | wau (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 1.47.8). (kembali) |
125 | Tanggal: tanpa guna gati iku (S 1530). Tahun Masehi: 1608–9. Lihat juga: tanpa guna gati wau (S 1530) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 1.48.6). (kembali) |
126 | Juru (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.210, Pupuh 38.56.2). (kembali) |
127 | kabèh. (kembali) |
128 | Rangsang (dan di tempat lain) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 1.61.3). (kembali) |
129 | Tanggal: sanjata tri bayu tugal (S 1535). Tahun Masehi: 1613–4. Lihat juga: Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 1.64.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 53.40.9. (kembali) |
130 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.212. (kembali) |
131 | priyantaka (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.1.6). (kembali) |
132 | Lebih tiga suku kata. Bandingkan: Pangran Arya Purbaya lênggah atata (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.4.1). (kembali) |
133 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: gêgamane sadaya sira parowa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.7.1). (kembali) |
134 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn ana leda (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.7.6). (kembali) |
135 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samya asiyaga (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.8.3). (kembali) |
136 | aminging. (kembali) |
137 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya obah sakathahing wong brang wetan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.24.1). (kembali) |
138 | Lebih satu suku kata: glising crita wong Mataram sampun bubar. Bandingkan: tan antara gêgamane sigra budhal (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.34.1). (kembali) |
139 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong ing Malang samya angêkêp ing kitha (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 64.34.1); wong ing Malang samya angêkên jro kitha (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.35.1). (kembali) |
140 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: mêdal ing Salumbung malayu angetan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 64.35.1). (kembali) |
141 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: hèh wong batur lah têtunon ika apa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.71.1); hèh wong batur iya ikagni [ika agni] apa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.40.1). (kembali) |
142 | anjêjarah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
143 | Lebih dua suku kata: wong agung bang wetan sami anjêjarah. Bandingkan: sêdyanira wong wetan arêbut lawan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.42.1). (kembali) |
144 | Lebih satu suku kata: Pangran Pajang kang dadi pangawat kiwa. Bandingkan: Pangran Panji kang dadya pangawat kiwa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.44.1). (kembali) |
145 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: dyan Wong Agung Mantaram samya rêmbagan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.55.1). (kembali) |
146 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Dipati Pugêr alon wuwusira (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.56.1). (kembali) |
147 | panêdhaning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.215, Pupuh 39.54.6). (kembali) |
148 | Bandingkan: asuwita (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.104.4). (kembali) |
149 | singgahi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.216, Pupuh 39.57.7). (kembali) |
150 | pinarêbutan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.216, Pupuh 39.62.6). (kembali) |
151 | Lebih satu suku kata: Pangran Japan lumayu abêboncengan. (kembali) |
152 | Tanggal: sênjata tri kang maruta ing sajagat (S 1535). Tahun Masehi: 1613–4. Bandingkan: sanjata palwa kang maruta jagad (AJ 1575) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.69.1). (kembali) |
153 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.217. (kembali) |
154 | cinêgah. (kembali) |
155 | kèbêkan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 3.4.4). (kembali) |
156 | jinoli (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.218, Pupuh 40.12.4). (kembali) |
157 | angrangsang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.218, Pupuh 40.19.5). (kembali) |
158 | Tanggal: têksaka tiga prangira (S [1]538). Tahun Masehi: 1616–7. Lihat juga: taksaka tiga punika (S [1]538) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 5.5.1). (kembali) |
159 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dipatine ing Singasari punika (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 5.6.9). (kembali) |
160 | Lebih satu suku kata: Bèi Wirakusuma. Bandingkan: dadya ngabèi sira (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 5.7.7). (kembali) |
161 | Tanggal: amanggih êndhoging buta (S [1]535). Tahun Masehi: 1613–4. Bandingkan: amanggih dhăngka butèki (S 15?5) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 5.11.2). (kembali) |
162 | laotan (dan di tempat lain). (kembali) |
163 | kaungkulan (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.221, Pupuh 40.43.2). (kembali) |
164 | waluku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.221, Pupuh 40.49.9). (kembali) |
165 | iku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.221, Pupuh 40.51.6). (kembali) |
166 | rêmbag (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.221, Pupuh 40.52.2). (kembali) |