Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 041–055)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 201v lanjutan] ---
41. Pangkur
[Wadya Mataram kabantu prajurit Pathi bedhah Langsem. Tumenggung Mertalaya mandhégani wadya Mataram bedhah Pasuruhan.[1]]
1. sasampunira mêngkana | Jêng Pangeran Mangkubumi sigra ngling | hèh bocah miyanga iku | dikêbat lakunira | egalêna Adipati Pajang iku | mênawi kantun ing karya | isun eman mring sirèki ||
2. umatur Ki Wirapatra | gih kawula gusti ikang nindaki | Wirapati wus lumaju | tan kawarna ing marga | sampun prapta sira pamondhokanipun | jumrajog tanpa larapan | Arya Wirapati angling ||
3. hèh yayi Dipati Pajang | paran karsanira andika kari | tan anugal baris agung | jêng pangeran ngandika | uning takèn andika nênggih dinangu | ing mangke dika ngandikan | mênawi kantun ing kardi ||
4. dipati ing Pajang mojar | apan isun majêng mangetan sigih | mênawa na musuh rawuh | saking wetan ajaga | Arya Wirapati asru dènnya muwus |
--- [f. 202r] ---
aja kakehan wicara | nêdha umangkata aglis ||
5. ya ta Adipati Pajang | sigra bubar anunggal sikêp aji | ajajar lan wadya agung | baris pangawat kanan | ngangsêg têngah barise wong Pajang iku | ing ditên Sênèn sêmana | wus tata baris Matawis ||
6. anênggih wetan Siwalan | gènnya tata ayun-ayunan jurit | mêngsah wetan nulya rawuh | pan samya kapailan | nora nana kang pinangan laminipun | kadhinginan wong Mataram | wong wetan amangan kunci ||
7. sawanèh gadhung dèn bakar | ikang mangan sami amutah gêtih | linut dening mising iku | gumigil majên[2] samya | ênêngêna wong Tuban ikang winuwus | ikang mêdal lèr punika | nulya atêngara aglis ||
8. ya ta dipati ing Tuban | sampun nitih kapale wus miranti | kêndhang gong syaranya umung | surak kadya ampuhan | wong Mataram sigra anulya umagut | pêrangira wong ing Tuban | kinarutug dening bêdhil ||
9. datan panggih lawung ika | dèn bêdhili wong Tuban akèh mati | ginawe lesan ta wau | wong Tuban karepotan | dyan umundur wong Tuban sakancanipun | rumasa nora kuwawa | amêngsah dede sasami ||
--- [f. 202v] ---
10. wong digdaya sura mrata | wong ing Tuban kondur gènnya ajurit | wong wetan awas andulu | suka dènira mulat | adipati ing Japan suka gumuyu | ningali wadya ing Tuban | ingaranan wêdi mati ||
11. kasaput dalu sêmana | masanggrahan sagung para dipati | jêjêl pamondhokanipun | wadya alit wurahan | wong bang wetan prasamya agunêm catur | tan liyan kang rinaosan | amung Adipati Tubin ||
12. kudu kuncara prawira | mangsah dhingin tur nora angêmpuni | sampun kalakung sadalu | enjang ditên Sêlasa | wong ing Tuban tan obah pondhokanipun | kocapa Dipati Japan | anata baris pribadi ||
13. pangeran ing Surabaya | pan nèng gunung make pêrnahing rèki | Dipati Japan amuwus | lajêre isun arah | nêrajanga Sultan Ngalaga katèngsun | lah adhangên êndhut ika | yèn tinon ambêbayani ||
14. hèh ikang pangawat kanan | ikang muguh kidul bênêr ta iki | sapa bupatine iku | umatur kang tinanya | Mêrtalaya igih kang pangawat kidul | kalih Arya Jasupănta | pranakan saking Kadhiri ||
--- [f. 203r] ---
15. anake pun Saradipa | Kya Dipati Japan ngandika aris | lah êndhut kang kulon iku | padha agawarana | apan uwis ginawaran ikang êndhut | mujur mangidul punika | risampune mêngkanèki ||
16. Dipati Japan ngandika | hèh wong Japan kabèh sun aja[3] mati | gêgaman kang kidul iku | ing mêngko sun têrajang | Adipati Japan nulya bêndhe asru | Mêrtalaya Jasapănta[4] | sigra tinarajang aglis ||
17. barise Ki Jasupănta | pêrak dhusun pigir pagriyan sigih | gêgaman Japan puniku | lagya sapanyalukan | umah suwung nulya ingobaran sampun | marang Arya Jasupănta | api katêmpuh ing angin ||
18. ambyoking gêgaman Japan | dimèn miris sakèh ikang prajurit | Dipati Japan byuk asru | nulya nitih turăngga | dyan angamuk Dipati Japan bêk purun | dipati tan wruh wêweka | wong Mataram angêbyuki ||
19. sapira si kuwatira | wong sawiji nulya kasambut mati | duk sapatine puniku | wau Dipati Japan | wong bang wetan sadaya lalos lumayu | wadya Mataram tumingal | sigra binuru tumuli ||
20. wanèh amêgati ngarsa | kang kacandhak sami dipun patèni | Dipati Tuban lumayu | dipaganya[5] tinilar | nitih kuda pun Matari [Ma...]
--- [f. 203v] ---
[...tari] wastanipun | gajah tinilar ing marga | ikang wasta Ki Idrajit ||
21. sêlire Dipati Tuban | apan taksih amagung luhuring èsthi |[6] Ni Grahita wastanipun | siji Ni Adrawila | pan kacêkêl marang wong Mataram sampun | gajah wus sinaretenan[7] | ingiringakên lumaris ||
22. wong wetan maksih binêdhag | gamanira apan tinilar sami | tan kuwat palayunipun | wong lêsu nora mangan | kang dèn pangan kunci lêmpuyang lan têmu | lawan babakan palasa | punika kang dèn garoti ||
23. nora amati apêrang | bala wetan akèh mati agêring | sikêp Surabaya iku | sêmana kyèh kacandhak | muwah Dipati Tuban maksih kaburu | kabutuh êndhut sêmana | aniba saking turanggi ||
24. lumayu akêkadhalan | duk binuru asambat biyang mati | kuda pun Matari iku | kari anèng paluwan | pan cinêkêl dening wong Mataram sampun | Dipati Tuban sêmana | sampun lumêbêt wanadri ||
25. nênggih angsal pitung dina | anèng wana kang dhinahar mung kunci | kala măngsa rêndhêng iku | datan pêgat akodanan |[8] ênêngêna kocapa pondhok Matarum | layone Dipati Japan | linadosakên sang aji ||
26. wus prapta
--- [f. 204r] ---
ngarsane sultan | pan aligihakên kang punang jisim | ingadêgakên puniku | ngarsane kanjêng sultan | duk winawang dening wau jêng sinuhun | kanjêng sultan angandika | iki nyata yèn prajurit ||
27. mapan Adipati Pajang | raopana paman ta dèn ayêkti | iku alayak tiniru | tan malih ing kawiryan | alah uwis gawanên pêtakên Butuh | tunggalêna Sultan Pajang | Si Dipati Japan iki ||
28. warnanên Sultan Ngalaga | sigra bubar kondur dhatêng Matawis | Dipati Japan kang lampus | jisime wus binêkta | pan pinêtak wau nênggih watên Butuh | anunggil sultan ing Pajang | punika babade nênggih ||
29. pandhita ginuna ing prang |[9] kajêng sultan wus rawuh ing nêgari | aglising carita wau | sampun aganti warsa | kajêng sultan sineba ngandika asru | hèh Dipati Mêrtalaya | lan Jaya Supănta iki ||
30. ambêdhaha Langsêm sira | lan si adhi Pathi milua aglis | datan kawarna ing ênu | wadya Mataram bubar | saha bala ing Langsêm ikang jinujug | Dipati Pathi punika | sampun lumampah kariyin ||
31. kitha ing Langsêm kinêpang | wadya Langsêm samya mêlatar nênggih | wus mêdal sadayanipun | wadya Langsêm sumahab | samya [sa...]
--- [f. 204v] ---
[...mya] pêpak wau anèng alun-alun | syaraning wadya wurahan | alali pakaryanèki ||
32. saking kilèn kidul wetan | tuwin êlor prasamya anglêbêti | kawarnaa siyang sampun | wong Langsêm ika têlas | sampun dinum wong Pathi lan wong Matarum | sigra bubar wong Mataram | wong Pathi ikang angiring ||
33. mantuk dhatêng ing Mataram | tan kawarna marga prapta Matawis | kocapa Raja Matarum | saundur mênang yuda | kang pugawa punika jurite ugul | punika ta sêngkalannya | ula ngêndhêk margèng bumi |[10]|
34. wus gênti taun sêmana | Pasuruhan karsa kinèn nindaki | amêpak wadya sang prabu | kanjêng sultan ngandika | hèh ta sira Mêrtalaya kang lumaku | kang anindhihana karya | marang Pasuruhan iki ||
35. kabèh ta sira irida | para mantri Mataram adunên jurit |[11] miwah kang para tumênggung | sira kang mrentahana | angirida gêgaman Mataram iku | sakèhing para sêntana | padha kinon ngati-ati ||
36. sagunge para sêntana | pondhokêna saloring kitha benjing | kang kulon tawongna[12] iku | yèn sira angrampida | aja liyan dina Jumungah puniku | besuk yèn angantêp yuda | sira ikang anindhihi ||
--- [f. 205r] ---
37. èstokêna Mêrtalaya | ayya lali ing ta wêwêkas mami | rampung ngandika sang prabu | Mêrtalaya manêmbah | dyan lumèsèr Ki Mêrtalaya pan sampun | jênêngira wong Mataram | Ki Mêrtalaya prajurit ||
38. wus lakung taji sêmana | Adipati Pajang sampun cumawis | ênêngêna kang anglurug | warnanên sri nalendra | pan pinarak ing dhampar wau sang prabu | dyan wau Jaya Supănta | angandikan mring sang aji ||
39. wus prapta sultan ngandika | hèh Ki Arya Jasupănta sirèki | nusula mring kakangamu | anglurug Pasuruhan | amondhoka sakidule kitha besuk | ing wurine pra dipatya | aja sira milu jurit ||
40. têka sira ajangkunga | dèn waskitha nitèni wong ajurit | yèn wus bêdhah kuthanipun | nuli sira mangkata | dhinginana barisa Jurang Parau | barisa anèng dêdalan | yèn prapta mêntas ajurit ||
41. aja sira wèhi liwat | yèn amêksa karuhêna dèn yêkti | wus têlas wêling sang prabu | ki arya amit nêmbah | wus amêpêk Jasupănta wadyanipun | tan adangu nulya bubar | wus prapta jawining taji ||
42. lampahe agêgancangan | baris agêng kasusul ing Sêmanggi | dumarajog[13] kumpul sampun [sa...]
--- [f. 205v] ---
[...mpun] | kagyat Ki Mêrtalaya | dyan amulat marang kang rayi anusul | Mêrtalaya angandika | apa wadine nrêpati ||
43. Arya Jasupănta nêmbah | ikang raka wau dipun bisiki | Mêrtalaya manthuk-manthuk | gêgaman sigra bubar | nglarug ngetan ing wau ta lampahipun | sagung desa kang kamargan | rusak tanêm tuwuhnèki ||
44. gancanging carita prapta | Pasuruhan gêgamaning Matawis | gègèr kang wong desa umyung | angusi mring jro kitha | Pasuruhan namane bupatinipun | Kya Tumênggung Kapugungan | abaris jro kithanèki ||
45. wong Pasuruhan malatar | wong Mataram prapta angêpung wani | lor wetan kalawan kidul | kang sami binarisan | nanging kuloning kutha puniku suwung | linawong tan binarisan | dening sagung wong Matawis ||
46. Kya Tumênggung Kapugungan | kudanira pun Mêndhung dèn titihi | ulêsipun jangjan biru | nyirig ngidêri kitha | Ki Tumênggung Kapugungan asru muwus | hèh sira wong Pasuruhan | besuk isun ajak mati ||
47. warnanên malêm Jumungah | ki tumênggung sampun midhangêt warti | yèn benjang badhe ginêmpur | tumênggung pikiring tyas | upamane sun lawana wong Matarum | măngsa ta nêdya mênanga | isun musuh wong Matawis ||
48. wong kêdhik kalawan kathah | padha akèh wong wetan ora ngudhili [ngudhi...]
--- [f. 206r] ---
[...li] |[14] duk prang Siwalan karuhun | pan akèh wong bang wetan | saprandene kaburu kapêntut-pêtut[15] | aku maning yèn ejoha[16] | angur mundur mumpung asri ||
49. Ki Tumênggung Kapugungan | wadyanira pan arsa dèn apusi | hèh wong Pasuruhan besuk | isun pan arsa mêdal | bêcik bêngi lah payo padha ingamuk | pasthi gugup wong Mataram | payo ngamuk têngah wêngi ||
50. akèh wadya ing Mataram | yèn ta sira angamuk têngah wêngi | pasthine ika agugup | bingung tan wruh ing paran | wong Mataram pasthine banjur lumayu | pan olih bandhangan benjang | akèh rusak wong Matawis ||
51. yèn sira ngêkêb nèng kitha | pan kinêpung măngsa wurunga mati | payo padha ngamuk dalu | bêcik ucaping jalma | wadyanira sadaya sampun arêmbug | nulya anata gêgaman | Pasar Agêng dènnya baris ||
52. Kya Tumênggung Kapugungan | sigra dadan kudane dèn kambili | ikang awasta pun Daru | acêmêng ulêsira | gih puniku ikang awasta pun Daru | sigra nulya tinitihan | kang garwa wus dèn wangsiti ||
53. Ki Tumênggung Kapugungan | mêtu ngulon barise wus dèn irid | sarwi sumbar amuk-amuk | anantang wong Mataram | samya kagyat wong Mataram dadya muwus | hèh wong batur
--- [f. 206v] ---
dèn prayitna | wong Pasuruhan mêtoni ||
54. wong Mataram samya dadan | para mantri kudane dèn kambili | wong ing Pasuruhan ing wau |[17] gustine nyana pêrang | tan anyana gustine ambanjur-banjur | lumayu ngulon atêbah | sêjya[18] ngusi Surabanggi ||
55. wus wêruh wong Pasuruhan | yèn gustine anyandêr ngulon sarimbit |[19] wong Pasuruhan mêmisuh | wangsul manjing mring kitha | wong Mataram mulat pan samya amburu | katututan pigir kitha | akèh mati dèn tumbaki ||
56. wus minêb kang lawang kitha | tan kawarna dalu kocapa enjing | ya ta wadya ing Matarum | samya agangsir kitha | sampun bêdhah dening wong Mataram esuk | anuju dina Jumungah | gumêrah syaraning tangis ||
57. para mantri ing Mataram | nèng jro kitha rêbut boyongan sami | anulya binêkta mêtu | kadhaton ingobongan | bêboyongan sadaya pan sampun dinum | Ki Tumênggung Kapugungan | sêmana kinèn nututi ||
58. ing Bêndhong gènnya kacandhak | kudanira Ki Daru sampun kêni | ki tumênggung alumayu | dharat lawan kang garwa | anèng jêjurang ênggènnya umpêtan wau |[20] ana wong Kamêrtalayan | lêlurah wong saragêni ||
59. awasta Surapawaka | lawan Suradahana sisihing rèki |[21] uninga [uning...]
--- [f. 207r] ---
[...a] palayunipun | Tumênggung Kapugungan | lan kang garwa sigra tinututan wau | wus kacandhak dèn gêgila | dèn icêng-icêng[22] ing bêdhil ||
60. garwanira girap-girap | kya tumênggung matur angasih-asih | nêdha apura nak bagus | apan dèn samya-samya | bok ta ana pamalêsira Yyang Agung | kawula dêrma punapa | ngapuraa ing wong dasih ||
61. Kya Tumênggung Kapugungan | alon mojar bagus kula ngaturi | mirah kêkalih surèku | kang rêgi nyatus sowang | Suradahana alon dènira amuwus |[23] alah êndi darbenira | lawan bojomu sun ambil ||
62. kang dèn jarah dudu donya | pêthetane wau tansah dèn pêthil | ki tumênggung nêmbah matur | bok sampun sapunika | ikang kula usikakên mung puniku | têtilare wong atuwa | bagus nêdha alim sigih ||
63. sumaur Suradahana | beta suk kita rang pukul nêgri |[24] dhahulunya ponya êlu | sakarang beta punya | pasthi beta ajar mamah punya butu | kalu sudah ambil luar | dhi dhalêm bêlum mah ini ||
64. lah ênya punya bagean | kêrti suta sukak masuk dha loji | Suradahana angrangkul | anjêlih girap-girap | dèn wêdèni ing kêris arsa sinuduk | Kya Tumênggung Kapugungan | ningali marêbês [ma...]
--- [f. 207v] ---
[...rêbês] mili ||
65. anêmên Suradahana | bok tumênggung asru dènira nangis | dhuh lae kakang tumênggung | sun iki tulungana | Kapugungan nauri sarwi amuwun | isun iki winakalan | mas mirah tan bisa musik ||
66. bok tumênggung ngundhat-undhat | ujar sira wong lanang awêdi mati |[25] iya iki pan tinêmu | sikêp padha ajamah | yèn ta sira matia jroning kadhatun | nadyan sira kaboyonga | pasthi binayong bupati ||
67. dhasar prayayi Mataram | bagus-bagus misuwur wani mati | iya raimu dikêpruk | Tumênggung Kapugungan | dhêndhaning Yyang ing mangke lya tinêmu |[26] bupati awêdi pêjah | bilainira nututi ||
68. lah ta paran polah iwang | si dilabrag wong iki anêmêni | angur matia wak isun | dèn ramuhi sok wonga | anauri Suradahana asêndhu | lah iya măngsa bedaa | tumênggung kalawan mami ||
69. măngsa bedaa rupanya | saparane padha luwihan daging | iki cêlèk iku cêlus | ki tumênggung miyarsa | kêthip-kêthip pan wau sarwi umatur | bagus dèn sabar ta uga | kula têtanya kariyin ||
70. pundi trah ludira dika | nulya Suradahana sigra nauri |[27] isun Mataram ing Bakung |
--- [f. 208r] ---
kya tumênggung lon mojar | igih talah mênawi dika ing Kêdhu | bokmênawi dadya bocah | punika anênulari ||
71. Surapawaka sru ngucap | hèh Dahana polahmu kaya wong baring |[28] kaya bobote kang mêngku | tikah lir asu ajag | iya tikah dudu tikah polahipun | têka jamah kalanangan | iki bobote bupati ||
72. dilalah pitulung prapta | wong kêkalih salah sawiji eling | Kapugungan alon matur | sarya nêmbah mangrêpa | maring Surapawaka dhuh adhi bagus | yèn pun kakang uculêna | pasthi kawula tuduhi ||
73. pun kakang amêndhêm reyal | patang lêksa tan wontên kang udani | sami reyal batu-batu | Surapawaka mojar | igih pundi pêrnahe kakang tumênggung | pêpêndhêman jêngandika | tumênggung sabdanya manis ||
42. Dhandhanggula
[Bupati Pasuruhan ki tumenggung Kapugungan kaliyan garwanipun ngungsi dhateng Surabaya. Dipati Pajang malik tingal.[29]]
1. yèn pun kakang andika uculi | pasthinipun kawula atêdah | ikang pêndhêman pêrnahe | Surapawaka muwus | igih kakang pêrnahe pundi | anulya inguculan | wau ki tumênggung | kalawan garwane pisan | nanging rusak kagungane bosah-basih | dening Suradahana ||
2. Ki Tumênggung Kapugungan angling | igih adhi sakidul gêdhogan |
--- [f. 208v] ---
saloring dalêm pêrnahe | Surapawaka muwus | igih kakang sami basuki | andika dipun egal | manjinga wana gung | mênawi watên uninga | kănca wiking wêkasan cinêkêl malih | kya tumênggung gya kesah ||
3. garwanira tan bisa lumaris | samêngêrên[30] wau polahira | nulya ginendhong garwane | nanging mung kari pinjung | sadayane dipun dhèdhèli | marang Suradahana | nêngêna karuwun | kang ngusi ing Surabaya | kawarnaa wau dêdamêl Matawis | kang samya ajêjarah ||
4. pitung dina Wong Agung Matawis | sabêdhahe kitha Pasêdhahan | abaris pigir kuthane | ya ta warnanên wau | Adipati Martalayèki | prasamya asêseban | anèng tarub agung | apan arêmbag sadaya | enjing-enjing budhal mantuk mring Matawis | warnanên Jasupănta ||
5. apan amung antara sawêngi | duk bêdhahe kitha Pasêdhahan | Jasupănta mundur age | baris Gunung Parau | pan adhêndhêng nèng gunung sigih | angadhang nèng dêdalan | sawarna wadyèku | wong Mêtaram wus miyarsa | Jasupănta punika ikang angadhang margi |[31] ing Jurang Prau ika ||
6. Gunung Palya ikang dèn tuguri | samya gunêm sagung pra dipatya | Ki Martalaya dêlinge [dêling...]
--- [f. 209r] ---
[...e] | paran ta karêpipun | ikang karsa sri narapati | Ki Arya Jasupănta | anèng marga tugur | apa ulun dikakêna | amêcaha nêgara liyan puniki | isun datan winêkas ||
7. Jêng Pangeran Purubaya angling | bokmênawa salin baboyongan | Jasupănta ing lakune | nanging ta dudu iku | Kya Dipati Mandura angling | lah nêdha tinarajang | parakna winuwus | nauri Pangran Purbaya | lah ta paman prasasat anggèr Matawis | kang tugur Gunung Palya ||
8. pan kaduwung pangucapirèki | Kyai Dipati Mandurarêja | asalah ing pangucape | Kya Singawêdanèku | duk miyarsa mentar tumuli | amit mring Martalaya | abudhal karuwun | wus prapta ing Gunung Palya | Dêmang Singawêdana aseba aglis | mring Arya Jasupănta ||
9. Dêmang Singa aturnya pan aris | wau ikang arsa nêrajanga | igih Mandurarêjane | Jayasupănta manthuk | kakang dêmang wruhaning rèki | kaya ujar mêngkana | kang sun dhadhang iku | dene si nora nêrajang | ya ta budhal Arya Jasupănta aglis | saking ing Gunung Palya ||
10. amiyarsa sagung pra dipati | lamun Arya Jasupănta budhal | saking patuguran age [a...]
--- [f. 209v] ---
[...ge] | sêksana samya lakung | sakathahe para dipati | sêmana sinêngkalan | nênggih trusthèng têlu | sabarat wong kaluwihan |[32] Jasupănta sampun prapta ing Matawis | warnanên pra dipatya ||
11. apan amung antara sawêngi | Martalaya tuwin pra dipatya | praptèng Mataram lampahe | wus katur mring sang prabu | duk bêdhahe kitha ing wêngi | ya ta sagunging tawan | sadaya wus katur | tustha galihe jêng sultan | Jasupănta tan arsa atur upêksi | ngandikan jroning pura ||
12. sapraptanira ing dalêm puri | amangrêpa ngarsanirèng sultan | Jasupănta tur sêmbahe | duk watên Wukir Prau | ikang arsa narajang wani | Pangran Madurarêja | nanging datan tulus | anêrajang patuguran | sri nalendra ngandika asêmu wingit | nanging datan kawêdal ||
13. Jasupănta wau sampun mijil | tan winarna antara tri căndra | ucapên nagri Pajange | wus karsaning Yyang Agung | Ki Dipati Pajang ambalik | arêmbag lan Pangeran | Mandurarêjèku | sabên dina lêlangyanan | samangsane ing benjang atêmpuh jurit | Pangran Mandurarêja ||
14. rêmbagipun ngamuk saking wuri | marang wadyabala ing Mataram | wus anglêmpak gêgamane | nanging tan ana wêruh | dyan [dya...]
--- [f. 210r] ---
[...n] warnanên sri narapati | pan lagya sinewaka | kang wadya supênuh | sêntana para pugawa | pêpêk andhèr satriya para prajurit | jêjêl nèng panangkilan ||
15. Singaranu sagra[33] awotsari | matur dhatêng Jêng Sultan Ngalaga | gusti nagri Pajang mangke | igih arsa amangsul | banggi dhatêng panduka aji | sampun sumêktèng yuda | mèsêm sang aprabu | èsême asêmu cipta | wus anduga sang nata amitambuhi | sang prabu angandika ||
16. lah ta măngsa mêngkonoa ugi | yèn si paman Adipati Pajang | nanging ta sun yêktènane | mantri anom sirèku | lumakua mring Pajang aglis | sira mundhuta kuda | Si Numba[34] ranipun | paman Arya Tambakbaya | kang atuwa mantri anom awotsari | lèngsèr saking ngayunan ||
17. tan amawi surat sang nrêpati | lampahira wau mantri mudha | agêgancangan lampahe | datan kawarna ngênu | sampun prapta Pajang nêgari | warnanên sang dipatya | ing Pajang puniku | enjang miyos sinewaka | pan kasaru praptane duta Matawis | jumrajog nèng ngayunan ||
18. mantri anom sigra andhawuhi | kya dipati nêdha tampanana | Sultan Ngalaga surate | gya tinampanan sampun | wus winaca sinukmèng galih | sampun surat winaca | angandika arum | Tambaya [Ta...]
--- [f. 210v] ---
[...mbaya] kudanira |[35] muni nglayang pinundhut maring sang aji | nah agèr Ingalaga ||
19. pan Si Domba pinundhuta yayi | kayaparan mangke aturira | dyan Tambakbaya ature | yèn pun Domba pinundhut | lêhêng umur kula puniki | lawan bojo kawula | pinundhut sang prabu | nulya têdhak Tambakbaya | kudanira pun Domba kang dèn titihi | pan sarwi mundhut watang ||
20. tinêgaran pan sarwi anyirig | Tambakbaya asru wuwusira | yèn ta maksih kang aduwe | pasthi yèn nora ucul | pan Si Domba mring awak mami | Ki Arya Tambakbaya | sarwi oclang[36] lawung | dèn jiwir-jiwir kulitnya | upamane kulitku agonên jurit | nadhahi wong Mataram ||
21. sun kira kanggo satêngah sasi | dèn mêmata utusan Mataram | malengos dulu polahe | tan pamit antukipun | mantri anom andêr kapati | tan kawarna ing marga | wau lampahipun | raina wêngi lumampah | sampun prapta nêgari Mataram enjing | kanjêng sultan sineba ||
22. kagyat ningali utusan prapti | mantri anom majêng awotsêkar | katur sadaya polahe | Arya Tambakbayèku | amba lakung panas kang ati | mèsêm jroning wardaya | wau ta sang prabu | osiking manah mêngkana | sapa baya kang isun tuduh nindhihi | ngalurug maring Pajang ||
23. iya si kaki Mandura iki | isun tuduh
--- [f. 211r] ---
anglurug mring Pajang | dimone ewuh atine | iku kang gawe musuh | angandika Sultan Matawis | kaki Madurarêja | iya iku patut | angluruga maring Pajang | angirida putra-putra dika sami | mangsah yuda kênaka ||
43. Pangkur
[Wadya Wataram lumurug dhateng Pajang.[37]]
1. sang nata kondur ngadhatyan | maksih andhèr wadya nèng păncaniti | wontên utusan sang prabu | mêdal saking jro pura | sarya bêkta waos lêligan puniku | pinaringkên Madurarêja |[38] sigra waos dèn tampani ||
2. sarya dhawuhkên timbalan | hèh kiyai timbalane sang aji | dikakkên budhal ing besuk | dening lampah andika | mugèng têngah dene kang têngên puniku | adipati ing Samêdhang[39] | i wong Sundha sadayèki ||
3. putra dika jêng pangeran | ing Juminah dadya pangawat kering | liyane saking puniku | sêntana pra dipatya | myang pugawa sadaya anèng ing pukur | angiringa jêngandika | rampung wêwêling nrêpati ||
4. Kya Mandura tur sandika | angartika wau sajroning ati | bok inya sampun lumêbu | warnanên panangkilan | pra dipati pan sarêng bubar sadarum | wau samya pradadanan | kang kinon andon ajurit ||
5. ing dalu datan winarna | sampun dandan ya ta kocapa enjing | Pangeran Mandura [Mandu...]
--- [f. 211v] ---
[...ra] wau | pêpak para sêntana | sigra mangkat têngara bêndhe angukung | para sêntana Mataram | prasamya anata baris ||
6. budhal Pangeran Mandura | pra dipatya sêntana ing Matawis | apan sarêng akatipun | gumrah syaraning bala | warna-warna daludag lan umbul-umbul | kadya wukir kawêlagar | abra busananing mantri ||
7. para mantri barisira | apan sampun têkèng jawining taji | katunjang ing baris agung | anglarug lampahira | ing padesan kang katrajang mawut-mawut | wong cili angusi kitha | kang kacandhak dèn bayongi ||
8. gancanging carita prapta | ing dalagung gêgamaning Matawis | pan amung rêrêb sadalu | enjing nulya abubar | sampun prapta ing Mayang gêgaman agung | wau kang pangawat kanan | ing Karandhang gènnya baris ||
9. kang kering baris Sarangan | Kya Dipati Pajang midhangêt warti | yèn Pangeran Madurèku | kang kinèn ngirid lampah | pan agunêm dipati ing Pajang wau | lan kang rayi Tambakbaya | Ki Madura cidrèng jaji ||
10. matur Arya Tambakbaya | igih tuwan tanbuh dipun raosi | măngsa manggiha rahayu | kang kadya Ki Mandura | nadyan silih wuwuha têka rongatus | kados pun dhawuk Mandura | botên kawula sigahi ||
11. saksana nêmbang têngara | pan gumêrah wong Pajang nata baris | Ki Răngga Jagaragèku |
--- [f. 212r] ---
wus prapta sabalanya | Arya Tambakbaya mêpêk wadyanipun | pitung atus winitara | kalih atus kang sinêling ||
12. kajinêman kawan dasa | lêlurahe pun Raga[40] Lalulalis | lan pun Dêmang Lalulêbur | lawan Ki Lèmpèrjiwa | Surbintulu Setanarum sisihipun | lan malih pun Tatasjaya | kalawan pun Lindhutasik ||
13. lawan pun Bagasluwaran | pun Bèrmuka lawan pun Gêndhungbaring | lawan pun Bajulnêruthuk | pun Edan Sabêndina | pun Mongbabal Rujakdhidhih Gêbugasu | pun Setrajaya lurahnya | kalawan ta pun Nêrpati ||
14. Pêrangdharat Cawurmuka | Gonjang-ganjing pun Gidrah Borah-barih | pun Jangêtana Biyantun | pun Macan Ulêrkilan | Marcukundha Kundhalaut sisihipun | malih pun Gijêlrambangan | kalawan pun Baratgêni ||
15. malih pun Banjirdrigama | pun Drasila wau sisihe rèki | malih pun Mêndhunganglumpuk | sisihe Banargagap | Malanggantung kang dadya lurah pamukur | pun Mangmang Gunasêngara | sisih Mamang Bayu rakit ||
16. kalih pun Gajah Prahara | lan pun Lendrakundha Brama Numbakputih |[41] asisih pun Lendrabarung | lawan pun Banjirbandhang | Bandhanglaut punika sisihanipun | lawan [lawa...]
--- [f. 212v] ---
[...n] pun Jurangparandhah | kalayan pun Rujagbêling ||
17. lêlurah Panumbak Pothang[42] | Macan Lawung padha wong saba bêngi | sisih pun Andaka Lawung | pun Sabuk Paluwadal | Sabuk Rampung Sabuk Wêlang Sabuk Dumung | layyan Sabuk Bêbondhotan | Sabuk Dhuwêl Sabuk Kisi ||
18. malihe pun Sabuk Măngsa | Sabuk Tampar lawan pun Sabuk Tajin | layan pun Sabuk Kêkuwung | wong ngampil lêlurahnya | pun Dalbak kalayan pun Dalmajutu |[43] pun Dalbanas Dalapangrajap |[44] sami trèh[45] wong wani mati ||
19. Dulpangrampung Dulpangrangsang | lurah gamêl pun Barong Gulang-guling | asisih Barong Kalukung | pêpêk wong Tambakbayan | baris agêng nèng alun-alun ngêndhanu | pun răngga ing Jagaraga | kinèn mêdali kariyin ||
20. sapalih wong Tambakbayan | Kyai Răngga Jagaraga angirid | mêdal saking kitha sampun | baris Ngawèn punika | sakilène kitha Pajang pêrnahipun | kajinêman Tambakbayan | tan nêdya mundur ajurit ||
44. Durma
[Kitha Pajang Bedhah. Dipati Pajang ngungsi dhateng Surabaya.[46]]
1. kawarnaa barise wadya Mataram | pangawat kanan nênggih | Pangeran Sumadhang[47] | kumpul wadya Pasundhan | nênggih ikang anindhihi | Pangran Juminah | maring wadya Matawis ||
2. sampun têpung lawan barise
--- [f. 213r] ---
wong Pajang | ayun-ayunan sami | saput dalu ika | wadya Katambakbayan | wus rêmbug angamuk wêngi | wong kajinêman | kang baris Ngawèn iki ||
3. têtindhihe Ki Dêmang Gunasêngara | lan Mamang Ngayuragi | pun Setan Arungan | pun Edan Sabêndina | lan Ki Răngga Gulang-guling | wong Tambakbayan | lah payo barêng mati ||
4. aja tigal lan wong isun Jayaragan | pun Mamang Ngayuragi | asru aturira | sampun ta walang driya | tan watên bedane ugi | lan raka dika | Arya Tambakbayèki ||
5. Kyai Răngga Jagaraga angandika | baris Karandhang iki | payo tinrêrajang | yèn sira aprang rina | pasthi yèn kasoran jurit | măngsa mênanga | jitus ing wong Matawis ||
6. dyan umangkat wong Pajang ngrampid pondhokan | sigra ingamuk sami | gègèr wong Mataram | wadya Pajang asurak | pangukihe bêkik-bêkik | pangamukira | lir buta olih daging ||
7. kathah pêjah kang abaris nèng Kêrandhang | wadya kathah kang mati | gugup salang tunjang | gègère apuyêngan | Dipati Samandhang[48] nênggih | ngadêg ing latar | bêndhe tinitir-titir ||
8. maksa ngukih wau Arya Tambakbaya | tan wruh wadya lumaris | akathah kang pêjah | wadya Katambakbayan [Kata...]
--- [f. 213v] ---
[...mbakbayan] | binendreng ing wong Matawis | Dipati Pajang | lan Ki Tambakbayèki ||
9. pan lumayu ki arya malêbèng kitha | garwane dèn ampiri | lawan sang dipatya | sarêng gènnya lumayya | ikang sinêdya ing ati | ing Baturanan | mêndhêt jukung Sêmanggi ||
10. sarêng numpak ing palya kalih kang garwa | Ki Răngga Jagaragi | pan sarêng sadaya | kudane Kyai Domba | kacandhak ing wong Matawis | baris Mataram | sagung para dipati ||
11. pan sadaya sampun malêbèng ing kitha | kadhaton dèn jarahi | ya ta kawarnaa | wadya kang bujung mêngsah | kandhêg Baturana sami | Dipati Pajang | wus lêpas dènnya milir ||
12. kawarnaa wong Mataram sampun bubar | saking ing Pajang nagri | gancanging carita | wus prapta ing Mataram | boyongan katur sang aji | tustha ing driya | jêng sultan ing Matawis ||
13. sabên-sabên sang nata apan mêngkana | miwah yèn mangkat jurit | jêng sultan gêganjar | utawi praptanira | sigêgên wau sang aji | kang kawuwusa | ikang lumayu ngusi ||
14. sampun prapta wau nagri Surabaya | Dipati Pajang nênggih | tuwin Tambakbaya | Ki Răngga Jagaraga | sadaya dipun timbali | mring Jêng Pangeran | Surapriga puniki ||
15. dèn pusalin sira dipati têtiga | Pangeran Surabanggi | aris angandika [a...]
--- [f. 214r] ---
[...ngandika] | hèh Kya Dipati Pajang | paran mangke karsanèki | bêcike uga | ngong antukakên malih ||
16. anèng Pajang angirida wong bang wetan | manira kang nindaki | matur Tambakbaya | sampun paduka mêngsah | lawan Wong Agung Matawis | samya digdaya | pugawa ing Matawis ||
17. pra sêntana tan wontên pasah ing braja | Pangeran Purbayèki | punika prawira | lakung sêkti ing rana | miwah Pangran Mangkubumi | Pangran Balitar | sami prawirèng sêkti ||
18. Pangran Juminah lawan Pangran Pringgalaya |[49] Pangran Têpasenèki | pan igih digdaya | Pangran Têpasănta |[50] Mandurarêja prajurit | Silarong ika | timur lakung sinêkti ||
19. sarêng mirsa Jêng Pangeran Surabaya | sêmu netranya abrit | anyandhak sênjata | sarta mimis kancana | nulya ingisenan aglis | dyan sinênjata | Arya Tambakbayèki ||
20. pan tumiba ing jaja mimis kancana | gèpèng lir dèn paloni | gumêbyar tibèng jaja |[51] mimis nulya cinandhak | wus ingaturakên aglis | igih punika | pêpadhotan[52] Matawis ||
21. ya ta mèsêm Jêng Pangeran Surabaya | dukane têmah isin | gawok kang tumingal | mantri ing Surabaya | samya ngalêm jroning ati | dyan Tambakbaya [Tambakba...]
--- [f. 214v] ---
[...ya] | nulya sinung kêkasih ||
22. winastanan wau Rahadèn Sênjata | pinutra-putra nênggih | warnanên sêmana | lami nèng Surapriga | radyan tinariman putri | wus awibawa | nanging ta brăngta kikin ||
45. Asmaradana
[Wadya Mataram kabantu para bupati pasisir bang kilèn lumurug dhateng Tuban, dipunpandhégani dipati Mertalaya.[53]]
1. sigêgên datan winarni | ikang anèng Surapriga | sampun sawarsi lamine | gêntia ikang kocapa | Kanjêng Sultan Mataram | enjing sineba sang prabu | pêpak sagung pra dipatya ||
2. sêntana para prajurit | pêpak andhèr nèng ngayunan | sang nata ngandika alon | Mêrtalaya Jasupănta | padha sira dadana | padha sun kinèn anglurug | pêcahên nagara Tuban ||
3. kabèh wadya ing Matawis | sêntana para pugawa | padha dadana dèn age | anglurug marang ing Tuban | ikang ngirida lampah | Dipati Mêrtalayèku | dadia têtindhih aprang ||
4. lan Arya Jasupăntèki | miwah si adhi Santênan | wadya ing pasisir kabèh | mêtua sakulon kitha | dene Si Mêrtalaya | sira mêtua ing kidul | sarupane wong Mataram ||
5. kang kinèn sarêng wotsari | sagunge para dipatya | Jêng Sultan jêngkar ngadhaton | ya ta kang para dipatya | kang anèng panangkilan | prasamya bubar [bu...]
--- [f. 215r] ---
[...bar] sadarum | prapta wisma padadanan ||
6. datan kawarna ing latri | ya ta kawarnaa enjang | gumêrah wadya syarane | Ki Dipati Mêrtalaya | sampun nêmbang têngara | wus pêpak gêgamanipun | miwah Arya Jasupănta ||
7. para sêntana Matawis | gêgamane abra sinang | awarna-warna rupane | Ki Dipati Mêrtalaya | budhal kalih Ki Arya | Jasupănta mugèng pukur | gamrudug wadya lumampah ||
8. wurine Jasupăntèki | Ki Tumênggung Alap-alap | lan Katawêngan sisihe | Kya Tumênggung Mêrtalaya | lumampah mugèng têngah | lan Arya Jasupăntèku | wong magêrsari akapang ||
9. para sêntana Matawis | sadaya lumakyèng wutat | Pangeran Purubayane | lan Pangeran Singasêkar | Pangeran Prigalaya | Pangeran Juminah wau | lan Pangeran Têpasana ||
10. Pangeran Pugêr anênggih | lan Pangeran Upasanta | miwah Mandurarêjane | lawan Pangeran Balitar | Pangeran Silarongan | Pangran Mangkubumi iku | dyan Dêmang Tannangkil ika ||
11. busana awarni-warni | dêdamêle pra sêntana | lir sêkar sataman ambyor | tan winarna lampahira | jawine taji prapta | gêgaman agêng anglarug | wus prapta wetaning Pajang ||
12. ngalor
--- [f. 215v] ---
ngetan dyan lumaris | anêrajang wana arga | prapta ing Gunung Kêndhênge | ya ta ikang kawarnaa | Adipati Pragola | lajêng mring nêgarinipun | wus prapta Santênan enjang ||
13. sakathahe wong pasisir | bang kilèn ika sadaya | sami ingutusan kabèh | ing Kudus kalih Jêpara | atanapi ing Dêmak | ing Sêmarang Kaliwungu | Kêndhal Batang Pêkalongan ||
14. ing Wiratha datan kari | miwah ing Pamalang ika | ing Têgal lan Barêbêse | pan sampun prapta sadaya | marang nagri Santênan | samêkta gêgamanipun | bupatine sowang-sowang ||
15. sadaya prapta ing Pathi | sagêgamaning ayuda | sigra nêmbang têngarane | wau Dipati Pragola | budhal saking Santênan | syarane wadya gumuruh | sinêlak lampahing bala ||
16. mênawa kantuning kardi | dening pugawa Mataram | tan winarna ing lampahe | prapta sakilèning Tuban | warnanên wong Mataram | sêmana pan sampun rawuh | sakidule kitha Tuban ||
17. gègèr desa têpis wiring | samya ngusi ing jro kitha | ya ta Tuban Dipatine | pan wau lagya adhahar | lan sagung mantrinira | pun Jayasêntana wau | pêpatihira ing Tuban ||
18. angandika kya dipati | hèh Patih
--- [f. 216r] ---
Jayasêntana | lah patih paran wartane | gêgaman Mataram prapta | sapa kang ngirid lampah | iya senapatinipun | matur nêmbah Jasêntana ||
19. kawula midhangêt warti | pun Dipati Mêrtalaya | kang dadya senapatine | kalih Arya Jasupănta | ikang kilèn punika | nênggih para sêntana gung | kya dipati ing Santênan ||
20. pra sêntana ing Matawis | tan kantun ing dalêm ika | kêrig sadaya sang katong | ngandika sang adipatya | lah sira andutaa | mring bang wetan amèt bantu | ing Sampang lan Surabaya ||
21. lan sarupane wong Tubin | kabèh padha undhangana | padha nèng jro kutha bae | lan mriyêmmu bêbêrkatan | saosêna gledhegan | Sidamurti aranipun | arêpêna wong Mataram ||
22. kang amarêp mring wong Pathi | iya mriyêmmu Si Gêlap | tur sêmbah nulya lumèngsèr | Kya Patih Jayasêntana | amêpêk wadya Tuban | têngara bêndhe angukung | kumêrab wadya ing Tuban ||
23. sagunge para prajurit | binanggi[54] pinatah-patah | kang tugur lawang sakèthèng | miwah kang jaga pêlatar | warnanên Surabaya | duta ing Tuban wus rawuh | nèng ngarsa ngaturkên surat ||
24. sampun tinampan kang tulis | sigra nuwala winaca | sapunika patêmbunge | pèngêt kang punang nuwala [nu...]
--- [f. 216v] ---
[...wala] | nênggih Dipati Tuban | sarya salam taklimipun | kawula anuwun batya[55] ||
25. sampun sinukmèng ing galih | jêng pangeran angandika | ikang tinuduh lakune | nênggih Rahadyan Sênjata | ikang kinèn tulunga | binêktan wong kalih èwu | kang kantun ajaga kitha ||
26. mênawi nglaju mariki | banjur bêdhah Surabaya | sampun tinata barise | nahan ikang kawarnaa | bantu têka Mandura | awêtara tigang èwu | sampun budhal saha bala ||
27. Dyan Sênjata sampun prapti | cundhuk lawan sang dipatya | tanapi wong Mandurane | sadaya pan sampun prapta | anèng nêgari Tuban | apan sinagahan sampun | pinatah sapêrnahira ||
28. wastane ikang nindhihi | nênggih gêgaman Mandura | Ki Arya Mandhalikane[56] | lan Ngabèi Anggrisrana | lawan Dêmang Sudira | pan sampun tampi sêsuguh | sampun ta baris sadaya ||
29. ya ta Wong Agung Matawis | wau ikang kawarnaa | Dipati Mêrtalayane | mapan lagya asêseban | lan sanggung[57] pra sêntana | samya ingaturan wau | miwah Dipati Pragola ||
30. pra samya agunêm pikir | sagunge para dipatya | Kya Pragola angling alon | igih kakang Mêrtalaya | suwawi benjang-enjang | kitha punika ginêmpur | alami [a...]
--- [f. 217r] ---
[...lami] ngantos punapa ||
31. ngidyan[58] bêbantu kang prapti | Surabaya lan Mandura | nênggih kang ngirid lampahe | mapan Dipatya Sênjata | gamaning Surapriga | winatawis kawan èwu | kalih gêgaman Mandura ||
32. Kya Mêrtalaya nauri | igih agèr yèn sêmbada | ingantosan ing wêdale | pan agêng gêgaman Tuban | botên layak mêpêna | ping kalih kathah kang bantu | mèsêm Dipati Pragola ||
33. igih kakang kula judhi | yèn wong Tuban mêtonana | katog ing sabên-sabêne | lêngus ing lair kewala | pun Adipati Tuban | nanging jaile kalakung | akêdhik kawirangannya ||
34. ical wêwangon bupati | anyudakakên prawiran | botên têrus ing ujare | gumujêng Kya Mêrtalaya | anggèr dèrèng kantênan | bilih amarêngi purun | wadyèng Tuban prang bêbanar ||
35. yèn botên miyosa mangkin | suwawi agèr ing benjang | dawêg ginêmpur kuthane | pan sami rêmbag sadaya | sakyèh para pugawa | Dipati Pragola kondur | dhatêng pasanggrahanira ||
36. gêntia winuwus malih | wau Ki Dipati Tuban | lagya pagunêman mangke | lan sagunge pra sêntana | Adipati Sênjata | nari pra sêntananipun | kêdah aprang ing bêbanar ||
37. rêmbage prayayi Tubin | miwah pugawa Mandura | mupakat pratiwa kabèh | nanging
--- [f. 217v] ---
dipati ing Tuban | ngajak prang jroning kutha | dadya gèsèh pikiripun | samya mundur ikang karsa ||
46. Durma
[Dipati Tuban kaliyan garwanipun lolos, lajeng ngungsi dhateng negari Baléga. Kitha Tuban kabedhah wadya Mataram.[59]]
1. kawarnaa Ki Dipati Mêrtalaya | enjang nêmbang têngari | kumrab wong Mataram | samya magut ing yuda | miwah Kya Dipati Pathi | nêmbang têngara | agêrgut tandangnèki ||
2. Arya Sindurêja prajurit Santênan | lan Arya Sawunggaling | Arya Mangunjaya | Ngabèi Wirasarya | Tumênggung Rajamênggali | sampun siyaga | andêl-andêling Pathi ||
3. pra sêntana Mataram sami siyaga | lan sagung pra dipati | Arya Jasupănta | senapatining yuda | wadya ing Tuban udani | yèn wong Mataram | arsa angrampid wani ||
4. sigra nêmbang têngara wadya ing Tuban | sagunge saragêni | migah lêlataran | mriyêmira pinasang | wau putra ing Matawis | sarêng umangsah | polahe gêgilani ||
5. Adipati Bragola sarêng umangsah | kumrayok tandangnèki | galong-galong panthan | kadya kuntul rêratyan | kya adipati ing Pathi | nitih turăngga | andhangah dèn payungi ||
6. kudanira wau Dipati Pragola | aran Si Pulanggêni | bapong ulêsira | mubyar busananira | ing têngah rana sêsirig | wadya ing Tuban | gamrudug ambêdhili ||
7. wadya Pathi ora sangsaya girisa | binendrong mêksa ngukih | lir buta mêmangsa | miwah [mi...]
--- [f. 218r] ---
[...wah] wadya Mataram | pangamuke galong pipis | prajurit Tuban | nora kandhêg bêdhili ||
8. bêdhilira kalataka lawan tigar | lir udan ikang mimis | wong Pathi kèh pêjah | miwah wadya Mataram | antuk papaning ajurit | wadya ing Tuban | kathah ikang ngêmasi ||
9. hèh wong Pathi kutha iku andhanana | gamrudug wadyèng Pathi | marakakên ăndha | miwah wadya Mataram | gugup wong Pathi ningali | [...] | rêbut kuwantêr jurit ||[60]
10. gya sinulêd kang dèn arah wong Mataram | tugêl pun Sidamurti | anulya pun Gêlap | marêp mangulon ika | marêpakên wadyèng Pathi | sinulêd sigra | adipati ing Pathi ||
11. wus sinulêd pun Gêlap tugêl alunnya | surak wadya ing Pathi | Dipati Pragola | ngadhakrang[61] pinayungan | kinarutug tan gumisir | kutha mèh kokal[62] | nulya kasaput wêngi ||
12. samya kondur wadya ikang ngêpung kitha | miwah wadya Matawis | samya masanggrahan | ucapên wong ing Tuban | umatur sang adipati | mriyêm bêrkatan | pêcah pun Sidamurti ||
13. lan pun Gêlap igih rêmpu dados tiga | anjola kya dipati | lakung ngungunira | sangêt truh ikang driya |
--- [f. 218v] ---
mêngkana osiking ati | tan wande rusak | nagrinisun ing Tubin ||
14. Sidamurti mapan iku bêbêrkatan | bituwah dhingin-dhingin | mêngko kangsi[63] pêcah | pasthi nora sêlaya | rusake nagri ing Tubin | tan wande bêdhah | nêgara Tuban iki ||
15. kya dipati pinarak kalih kang garwa | sampun dèn bêbisiki | kabèh garwanira | padha sira dadana | payo alalos ing wêngi | bok karainan | kasêlak musuh prapti ||
16. bok kabajag ing wong Bagêlèn punika | têbêri bêbajagi | wong Kêdhu luwih dhugal |[64] iya lamun angrayah | asring jêjarahi rêsmi | angur lungaa | mumpung tamban ta yayi ||
17. panakawan kinèn nimbali niyaga | tan dangu nulya prapti | kinon gêgamêlan | anèng paseban jaba | bêdhaya kinèn nêmbangi | rame syaranya | nora suda kang galih ||
18. maksih pajêg barise wong ing bang wetan | warnanên sang dipati | alalos sêmana | saking ing puranira | wus prapta pigir pasisir | nulya anumpak | palya Dipati Tubin ||
19. panakawan têtiga ikang binêkta | garwanira kêkalih | sêlire têtiga | liya saking punika | tan ana midhangêt warti | nyananing wadya | maksih wontên ing puri ||
20. kang sinêdya ingusi Dipati Tuban | Balega kang nêgari |
--- [f. 219r] ---
warnanên sêmana | bêbantu ing Mandura | tuwin ing Surabayèki | ajêg barisnya | dèrèng amirsa warti ||
21. nulya wontên wong dalêm ika wêwarah | marang Sang Adipati | Sênjata punika | alalos raka dika | samya jêtung kang mirsèki | wong ing Mandura | angamun pisuhnèki ||
22. baya dudu Si Tuban trahing dipatya | baya bèbèt pangarit | dene wêdi pêjah | têka cidra samaya | merad bêngi angapusi | wong tinulungan | têka migat[65] si anjing ||
23. sampun bubar barise wong Surabaya | ing wayah bangun enjing | miwah wong Mandura | sampun anumpak palya | wong Tuban puyêngan sami | nangis gumêrah | ing pura ting jalêrit ||
24. sampun sirna kang abaris ing palatar | lumayu samya ngili | arêbut baita | agugup ta polahnya | samya sarat palyanèki | tumpang-tinumpang | lajêng kèrêm jaladri ||
25. amiyarsa wong Pathi lan wong Mataram | gumêr wong jro kitha Tubin |[66] panjriting wanita | anêrka wong Mataram | yèn migat sang adipati | bubrah palatar | wong Pathi anglaboni[67] ||
26. lawang kulon wong ing Pathi kang abêdhah | dening wong ing Matawis | kang kidul binêdhah | samya manjing sadaya [sada...]
--- [f. 219v] ---
[...ya] | arêbut boyongan sami | kadhatonira | jinarah dèn boyongi ||
27. pirang-pirang wong Tuban ikang kacandhak | samya binêkta mijil | dinum lir rajapan | sampunira mêngkana | wong Pathi lawan Matawis | apagunêman | kondur dhatêng Matawis ||
28. sinêngkalan bêdhahe kitha ing Tuban | papranging ratu nênggih | dipati ngusyaga | warnanên wong Mataram | Dipati Mêrtalayèki | pan sampun undhang | budhal dhatêng Matawis ||
29. Adipati Pragola dhèrèk Mataram | pan sarêng budhalnèki | ngiringkên boyongan | gancang kang cinarita | wus prapta wana ing taji | dyan atumama | lajêng mring păncaniti ||
30. sri nalendra lagya miyos sinewaka | pinarak pancaniti | wau praptanira | Dipati Mêrtalaya | lawan Adipati Pathi | saha wotsêkar | ngujukkên[68] tawannèki ||
31. lakung tustha tyasira Sultan Mataram | katur tikahing nguni | Sang Dipati Tuban | sri nalendra gêganjar | marang sagung pra dipati | tuwin sêntana | ginanjar wus waradin ||
32. datan ana kliwatan mantri Mataram | miwah kang wadya alit | warata sadaya | tan watên kalakungan | suka galihe sang aji | muwah kang wadya | brăngta ngabdi sang aji ||
--- [f. 220r] ---
47. Asmaradana
[Arya Jasupanta kajumenengaken adipati kasinungan nama tumenggung Sujanapura. Prajurit Mataram dipunpandhégani tumenggung Sujanapura kabantu para bupati pasisir ngalurug dhateng Mandura.[69]]
1. adangu gènnya tinangkil | kajêng sultan angandika | Si Arya Jasupăntane | isun jujung ligihira | jumênênga dipatya | sarta sun wèhi jêjuluk | Tumênggung Sujanapura ||
2. misuwur sawong Matawis | lamun Arya Jasupănta | wus jinujung mring sang katong | Tumênggung Sujanapura | têtindhih wong panêkar | asisih lan kadangipun | Ki Dipati Mêrtalaya ||
3. jêng sultan kondur jro puri | bubar sagung kang sewaka | samya mantuk sawong-sawong | wus untara limang warsa | sultan miyos sineba | pêpêk pugawa supênuh | prajurit para sêntana ||
4. jêng sultan ngandika aris | mring Tumênggung Janapura | sira dadana dèn age | tindhihana wong Mataram | pêcahên ing Mandura | lan si adhi Pragolèku | kalawan kakang Sumêndhang ||
5. kan sun karya senapati | Tumênggung Sujanapura | wong Mataram sakabèhe | iya si Sujanapura | sun karya wakil iwang | ya si adhi Pragolèku | ngirida pasisir ika ||
6. atur sêmbah kang tinuding | Tumênggung Sujanapura | sêkala bingar sêmune | lami gènnya ngarsa-arsa | lami datan ayuda | tan abêdhah nêgara gung | suka matia ing rana ||
7. sang nata ngandika [ngandi...]
--- [f. 220v] ---
[...ka] aris | hèh Tumênggung Alap-alap | lan Si Katawêngan karo | sira amisaha lampah | padha arêriwuka | marang ing Surabayèku | dimon sukêr aja tandang ||
8. yayi Pragola sirèki | kêbatna pasisirira | mêtua nglautan bae | iya si kakang Sumandhang | lan Si Sujanapura | wong Panaraga Madiyun | padha mêtua ing dharat ||
9. rampung andika nrêpati | jêng sultan jêngkar ngadhatyan | warnanên punang wadyane | sagunge para dipatya | sarêng bubar sadaya | kang arsa andon anglurug | prasamya apadadanan ||
10. gumêrah wadya Matawis | sadalu tan wontên nendra | samya nata gêgamane | Tumênggung Sujanapura | wau gêganjar wadya | saragêni numbakipun | samya ginanjar sadaya ||
11. i dalu datan kawarni | ya ta kawarnaa enjang | gumrah syarane punang wong | Tumênggung Sujanapura | sampun nêmbang têngara | wong Kajanapuran kumpul | sakadang kadeyanira ||
12. ya ta Adipati Pathi | sampun anêmbang têngara | andhingini ing lampahe | marang nêgara Santênan | lampahe tan kawarna | kocapa gaman Matarum | budhal saking ing nêgara ||
13. wus prapta jawining taji | gumêrah
--- [f. 221r] ---
syaraning bala | lir sêkar sataman ambyor | gêgamane warna-warna | kadya prawata sêkar | abra busanane murub | pangagone wadyabala ||
14. ya ta Ki Dipati Pathi | nulya anêmbang têngara | wong pasisir sakabèhe | nahan gantya kawarnaa | wadyabala Mataram | kang dadya têtindhihipun | Ki Dipati Mêrtalaya ||
15. ikang lumampah ing ngarsi | Ki Tumênggung Jagabaya | lan Panji Wirabumine | Ki Ngabèi Patrabăngsa | lan Dêmang Suradêksana |[70] lan Ki Răngga Adu-adu | lan Ki Panji Sangajaya[71] ||
16. kang mugèng têngah sirèki | Tumênggung Sujanapura | asri tinon gêgamane | sagunge para sêntana | lumampah mugèng wutat | gêgaman abra dinulu | kadya prawata kobongan ||
17. ginêlak lampahing baris | gancanging carita prapta | nêgara Banjaranune |[72] Ki Tumênggung Katawêngan | lawan Ki Alap-alap | wus amisah barisipun | sampun jujug Surabaya ||
18. wus prapta ing têpis wiring | Surabaya binajagan | wong desa katrajang gègèr | samya ngusi ing jro kitha | sigêgên kang winarna | nêgara ing Pathi wau | nênggih Dipati Pragola ||
19. sapraptanira ing Pathi | pasisir kilèn ngutusan | samêkta sagêgamane | samya adadan baita | andhèr pigir muara | ing Juwana gènnya kumpul | sagunge
--- [f. 221v] ---
para dipatya ||
20. wau Ki Dipati Pathi | ing mangke lagya gêganjar | maring sagunge wadyane | sakèhing mantri lêlurah | miwah para sêntana | kyèhing mantri patang pulu[73] | andêl-andêling Santênan ||
21. pêpatihe ki dipati | wasta Arya Mangunjaya | sisih Arya Sindurjane | dening ta sosoranira | Ngabèi Wirasraya | lan Dêmang Prawiratanu | lan Dêmang Panantangyuda ||
22. lawan Arya Sawunggaling | lan Ngabèi Wilatikta | lan Răngga Panatasingron | Ngabèi Patramênggala | lan Dêmang Jalêksana | lan Ngabèi Angun-angun | lan Tumênggung Binarongan ||
23. Tumênggung Rajamênggali | lan Dêmang Pusparudita | samya bagus-bagus anom | ya ta wau ki dipatya | budhal maring Juwana | pan arsa numpak ing prau | kang saos parau aglar ||
24. baitane pra dipati | pasisir awarna-warna | Lêmbu Pragota kêkocèn | jêjagoan lêlanangan | konthi[74] têtajèn aglar | tuwiknang baita sêlup | sêmpanan lawan pacalang ||
25. samya babar layar aglis | palyane para dipatya | mancal saking Juwanane | asri lamun tiningalan | lir pendah pêksi kêrdha | gamêlan pating carêngkung | sarupane pra dipatya ||
26. ambêkta gamêlannèki | nênggih Dipati Pragola |
--- [f. 222r] ---
tigang rancak gamêlane | Kadhokngorèk[75] kang satugal | pelog ikang sapindhah | lawan Carawangsulipun | tanapi salendronira ||
27. sarunèngn[76] pating jalêrit | kapal winêngah sadaya | ginitèk angin timure | baita pating salêbar | sampun aprajangjiyan | ing ujung Tuban puniku | labuh nganti wong Mataram ||
28. sigêgên datan winarni | ikang anèng ing lautan | ya ta gênti winiraos | Tumênggung Sujanapura | ikang mêdal dharatan | pan sampun prapta Madiyun | wadya Mataram sadaya ||
29. prasamya asaos sami | măncanêgara bang wetan | tan winarna ing rêmbuge | Tumênggung Sujanapura | cinarita wus mangkat | saking nêgara Madiyun | wong wetan ngiring sadaya ||
30. datan kawarna ing margi | sinêlak lampahing bala | wus prapta nagri Tubane | kocapa Kyai Pragola | Adipati Santênan | apan sampun miyarsèku | gêgaman Mataram prapta ||
31. sagung bupati pasisir | samya akumpul sadaya | ngalumpuk dadi saênggon | nulya dikakkên lajênga | dhatêng Sidayu ika | sigra amancal sadarum | gancang carita wus prapta ||
32. anumpak dharatan sami | wau kang para dipatya | dyan Dipati Pragolane | panggih lan Sujanapura | nulya aparêmbagan | ya ta akèn ta parau |[77] Tumênggung Sujanapura ||
--- [f. 222v] ---
33. para bupati pasisir | sadaya saos baita | aglar anèng muarane | sêksana anumpak palya | layar dhatêng Mandura | bupati măncanagri iku |[78] sadaya anumpak palya ||
34. wau Kya Dipati Pathi | lêmbu ikang tinitihan | watên dening sêntanane | samya anitih pacalang | pra sêntana Mataram | sinaosan palya sêlup | prajurit sami nonoman ||
48. Sinom
[Wadya Mataram dumugi ing pasisir Mandura. Prajurit Mandura kathah ingkang pejah, amargi kawon perang mengsah prajurit Mataram.[79]]
1. sampun kongak ing Mandura | prapta têpining kêkisik | kawarnaa wong Mandura | nêgara kalima iki | Sampang lan Aribanggi | Balega Sumênêp iku | Mêkasar Pêkacangan | sadaya miyarsa warti | yèn Wong Agung Mataram make kang prapta ||
2. pan samya apirêmbagan | ing Mandura nulya baris | pan sampun pêpêk sadaya | sagunge para dipati | Mandura angling aris | sadaya dèn sabiyantu | nadhahi wong Mataram | ayya na kang riyon pikir | yèn ariyon ènthèng sinăngga ing yuda ||
3. iya gêgaman Mataram | wartane ikang nindhihi | Tumênggung Sujanapura | kang dadi tuguling jurit | pranakan ing Kadhiri | Sujanapura atêguh | tate ngêlar jajahan | dèn sami prayitnèng jurit | kawarnaa gêgaman Mataram prapta ||
4. gègèr wadya ing Mandura |
--- [f. 223r] ---
sumrêg samya nata baris | budhal saking kuthanira | wus prapta pigir pasisir | prasamya ajagani[80] | wong Mataram migahipun | sampun ayun-ayunan | wus campuh bêdhil-binêdhil | ramening prang surak lir pedah ampuhan ||
5. wong Mataram karepotan | datan olih papan jurit | apan kathah ikang pêjah | kang mundur atawan kanin | nanging mêksa angukih | para prajurit Matarum | tuwin wadya Santênan | cuwa kasaput ing wêngi | samya mundur wong Mandura parêmbagan ||
6. Dipati Sampang Mandura | Sumênêp lan Aribanggi | ing Balega Pakacangan | pan sampun agunêm wêngi | Andhi Balega nênggih | kadipundi rêmbagipun | muwah sagung dipatya | prajuriting wong Matawis | sampun tita datan purun migah dharat ||
7. lamun suwawi ing karsa | dimèn migah wong Matawis | yèn sampun migah dharatan | suwawi ingantêp jurit | amasthi wong Matawis | kathah lêbur dening banyu | puniku babarpisan | kadi botên mangsah malih | gih punika yèn nyuwawèni ing karsa ||
8. pra dipati samya rêmbag | nulya ingundhangan sami | marang prajurit sadaya | kinèn mundura kariyin [ka...]
--- [f. 223v] ---
[...riyin] | yèn migah wong Matawis | êntèkêna baturipun | yèn wus dharat sadaya | anulya amukên wani | pasthi lêbur wong Mataram kurambangan ||
9. Tumênggung Sujanapura | gêntia ingucap malih | dawêg mangke pirêmbagan | kang anèng têngah jaladri | pra dipati ngutusi | sadaya sami tumurun | anitihi sampanan | Dipati Pragola prapti | sampun panggih lan Tumênggung Janapura ||
10. Tumênggung Sujanapura | angantêp sagung dipati | lah ta kadipundi karsa | wêkasane prang puniki | wong cili kathah mati | datan wontên wêkasipun | tuwin anggèr Santênan | suwawi rêmbag pramati | yèn namunga makètên tanpa wêkasan ||
11. miwah Pangeran Sumêndhang | lah ta kadipundi pikir | angling Dipati Pragola | andika paran kang pikir | karsa dika sayêkti | kawula darma jumurung | miwah para dipatya | sadaya darmi nglampahi | lakung-lakung kakang ing rèh jêngandika ||
12. sanadyan kakang Samêndhang | măngsa sagêda nglakungi | saking karsa dika kakang | Sujanapura mangkya ngling | igih yèn nyuwawèni | sami ngawaki prang pupuh | sampun ngandêlkên bala | sagung kang para dipati | angirida wontên ing ngarsaning bala ||
13. ya
--- [f. 224r] ---
ta Dipati Pragola | miyarsa suka kang galih | wuwuse Sujanapura | ngandika Dipati Pathi | igih kakang suwawi | sami rêmbag gathak-gathuk | batên kakehan polah | bupati sami ngawaki | dadya rêmbag sagunge para dipatya ||
14. sakèhe para prawira | kinèn maguta kariyin | bupatine nindhihana | lamun pinapaga jurit | sakèhing wong sinêlir | lah payo barênga ngamuk | aja na kang ngucira | nêdha jangji barêng mati | pra dipati pan sampun rêmbag sadaya ||
15. apan sami prajangjiyan | nêdha mangkat bangun enjing | samya migah ing dharatan | sampun rêmbag pra dipati | anulya kondur sami | wangsul dhatêng praonipun | sagung para dipatya | wadya sami kinon cawis | kawarnaa pan sampun bangun raina ||
16. samya migirakên[81] palya | prajurit arêbut dhingin | tan watên ikang sabawa | samya amigah aririh | prajurit ngati |[82] prapta ing dharatan sampun | nulya nata gêgaman | wadya Mataram dhingini | ikang kantun pan sampun nusul sadaya ||
17. kawarnaa sampun siyang | gêgaman sampun lumindhih | pasisir sampun kèbêkan | dening wadya ing Matawis [Matawi...]
--- [f. 224v] ---
[...s] | bêdhil sampun miranti | kalataka tigaripun | tanapi bainetan | ing papan sampun miranti | kang kocapa wong Sampang lawan Balega ||
18. awayah bangun raina | nulya pinariksa aglis | utusan kagyat tumingal | yèn wong Mataram kang prapti | sakancane bupati | sampun tata barisipun | miwah para dipatya | gêgamane sampun dadi | tuguling prang angadhakrang pinayungan ||
19. Tumênggung Sujanapura | kang dadya dhadhaning baris | kang dadya pangawat kanan | ki adipati ing Pathi | andhangah dèn payungi | pangawat kering puniku | Adipati Samêndhang | lan sagung para dipati | wong pasisir kerid maring Kya Pragola ||
20. para sêntana Mataram | ênggone ing wuri têbih | Tumênggung Sujanapura | pan sampun nêmbang têngari | muwah wadya ing Pathi | bêndhene tinitir ngukung | têtêgnya asauran | sêrunine wong pasisir | ting jalêmprit abarung karciking watang ||
21. wong Sampang nêmbang têngara | gègèr ikang punang baris | kanggonan ing papanira | dening wadya ing Matawis | tan nyana wadya alit | lamun mêngsah migah dalu | agugup tatanira | pati-pati cêcandhaki | wong Mataram surake [su...]
--- [f. 225r] ---
[...rake] ambal-ambalan ||
22. kasusu ing polahira | wong Mataram abêdhili[83] | wong Sampang kathah kang kêna | dening mimis akèh mati | pan wus kapapan uni | wong Mandura pêrangipun | dening wus kaprantenan | singa mara mara mati | wong Mandura ikang mundur tawan brana ||
23. sagunge para dipatya | ing Mandura karsanèki | arsa ngawaki ngayuda | angantêp sagung patiwin | dipati papat kait | sumêdya sarêng angamuk | Dipati Pamêkasan | rêmbug angantêpa jurit | samya sêdya alêbura jroning kutha ||
24. rêmbag lan wong Aribaya | Balega Mêkasan wani | Sumênêp sadaya rêmbag | Pangeran Sampang nuruti | rêmbagnya sarêng dadi | sigra têngara pinukul | surake asauran | kadya ombaking jaladri | polahi[84] wong lir pendah ăngsa manara |[85]|
25. kalataka asauran | gamrudug sênjata alit | syarane kadya ampuhan | alyir udan sinêmèni | wadya Sampang kyèh mati | wong Mataram akèh luput | wangke pating gulasah | prandene mêksa angukih | ambêk pêjah wong Sampang maju sadaya ||
26. samya prajurit sadaya | dipatine angawaki | wong Mataram sigra mara | samya dipati
--- [f. 225v] ---
ngawaki | bupati ing pasisir | Pragola têtindhihipun | sarêng masah ing rana | wong Mandura kathah mati | mêksa ngukih tan ana sêdya mundura ||
49. Durma
[Tumenggung Sujanapura tiwas kaperjaya déning dipati Pamekasan, pangéran Jurukithing ingkang nggentosi. Negari Mandura bedhah, para bupatinipun lajeng suwita dhateng Mataram.[86]]
1. prajurite wong Mandura anrêrajang | wasta pun Jagapati | polahe lir macan | ikang binabasahan | bêbêrngos sakilan sisih | lir saradula | wong Mataram nadhahi ||
2. anêrajang awasta pun Jayèngkara | lawan pun Jayèngpati | lawan Jayèngrana | kapat Suradilaga | kalima pun Surèngpati | pun Jayabadra | lan Răngga Gobag-gabig ||
3. Mangundara kalawan pun Dêmang Malang | lan Răngga Thona-thani | Dêmang Cukakakan | lan Dêmang Bragajagan | lan Ngabèi Golang-galing | Panji Sarangan | lan Dêmang Golag-galig ||
4. sarêng nêmpuh tandange lir liman mêta | wong Pathi kang nadhahi | Dipati Pragola | kukuh payudanira | angadhakrang sasong[87] kuning | ingamuk ika | dèn êbyuk tan gumisir ||
5. wong Mandura kinathahan akèh pêjah | dipatinya anglèsi | pan samya lumajar | Adipati Mandura | Sumênêp sampun agêndring | lan ing Balega | lumayu datan olih ||
6. wong Mataram pamburune lir danawa | mêmăngsa olih
--- [f. 226r] ---
daging | miwah wong Santênan | lir bajo angajawa | kang kacandhak akèh mati | mawut sadaya | pati-pati bêntusi ||
7. kasaput ing dalu nulya mundur kang ayuda |[88] amasanggrahan sami | sagung pra dipatya | Tumênggung Janapura | muwah dipati ing Pathi | wus masanggrahan | suka wadya Matawis ||
8. Kya Tumênggung Sujanapura sêmana | lajêng kasukan wêngi | anèng pamondhokan | kumpul wong Janapuran | wau Ki Dipati Pathi | sawadyanira | samya sayah ajurit ||
9. Adipati Santênan eca anendra | gêntia kang winarni | wong Sampang Balega | Sumênêp Pamêkasan | Pakacangan Aribanggi | aparêmbagan | suwawi ngamuk wêngi ||
10. Adipati Pamêkasan asru ngucap | aja gawa wong cili | samya sêsêliran | pra mantri kang prawira | sok anaa salah siji | wong ing Mataram | kang dadi senapati ||
11. pondhokane Tumênggung Sujanapura | payo jinujug dhingin | Mêkasan Balega | padha angantêp yuda | ing Sumênêp sura wani | ing Pakacangan | sami busana aglis ||
12. dyan umangkat wau kang arsa nukupa | wus prapta sira aglis | iku Janapuran | lajêng sira tumama | wus manjing sajroning kori | lajêng umangsah | angamuk ting barêkik ||
13. Adipati Pamêkasan anêrajang | mring Sujanapura [Suja...]
--- [f. 226v] ---
[...napura] glis | sigra tinalêmpak | Tumênggung Janapura | tinangkis-tangkis ing kêris | mêksa anumbak | gulu iringe kêni ||
14. ukur bintul Sujanapura aniba | anulya dèn kakahi | mring sang adipatya | Pamêkasan punika | pan sinuduk bari lali | jajane kêna | uwal gènnya ngakahi ||
15. pan lumayu Ki Dipati Pamêkasan | sarya angambên kanin | kang ngamuk wus bubar | Adipati Mêkasan | pêjah ing dalêming rèki | Sujanapura | pêjah pakuwonnèki ||
16. wong Mataram sagunge para sêntana | tan wontên mirsa warti | wong măncanêgara | pasisir tan miyarsa | wurahan wadya Matawis | ulêng-ulêngan | tangis pating jalêrit ||
17. pamondhokan Sujanapuran gumêrah | ya ta Wong Agung Pathi | samya asiyaga | miwah măncanêgara | para bupati pasisir | nêmbang têngara | gumêr syaraning jalmi ||
18. wus misuwur Tumênggung Sujanapura | dèn amuk dhatêng pati | Dipati Pragola | lakung pangungunira | wadya ing Mataram wiwrin | yèn tuguling prang | wau têkèng ngêmasi ||
19. pra sêntana Mataram prapta sadaya | mring Janapuran aglis | Dipati Santênan | Pangeran ing Sumêndhang | samya arêmbagan sami | kang pra sêntana | lan sagunging bupati ||
--- [f. 227r] ---
20. satilare Tumênggung Sujanapura | kêkês wadya Matawis | samya arêrangkah | Ki Dipati Santênan | kang gêntosi senapati | satilarira | dadya têtugul jurit ||
21. Jêng Pangeran Silarong ing rêmbagira | mantuk dhatêng Matawis | ngujuki uninga | dhumatêng kajêng sultan | Pangeran Silarong aglis | nulya anumpak | palya alayar aglis ||
22. Pangran Silarong sampun prapta ing Mataram |[89] sigra lumêbèng puri | umatur jêng sultan | amba atur uninga | ngujukakên pati urip | tiwasing karya | kawon wadya Matawis ||
23. abdi dalêm Sujanapura palastra | wiwrin wadya Matawis | tan wontên maguta | yudane wong Mandura | ajêngêr sri narapati | ya ta ngandika | Kajêng Sultan Matawis ||
24. hèh Silarong kaya ngapa karsanira | ing mêngko wong Matawis | yèn mêngkono uga | sapa kinèn banjêla | Pangran Silarong wotsari | ujuk kawula | dhumatêng panduka ji ||
25. yèn suwawi lan karsa panduka nata | pun Kaki Jurukithing | tuwan lampahêna | dhumatêng ing Mandura | kagyat tyasira nrêpati | apa gêsanga | Si Kaki Jurukithing ||
26. yèn mêngkono Kaki Juru timbalana | lumakua dèn aglis | miyanga Gambiran | sigra pangran dipatya | nuhun pamit [pa...]
--- [f. 227v] ---
[...mit] mring sang aji | sêksana mêdal | wau saking jro puri ||
27. tan kawarna Pangran Silarong wus prapta | ing Bagambiran aglis | wus panggih sêmana | kalawan ikang eyang | Pangran Silarong ngabêkti | nulya sinapa | mring Kyai Jurukithing ||
28. iki sapa kang wayah matur anêmbah | wayah dalêm pribadi | Silarong kawula | kagyat wau kang eyang | kadingarèn putu prapti | baya na karya | pangran matur wotsari ||
29. pan kawula ingutus wayah sampeyan | Kajêng Sultan Matawis | paduka ngandikan | dhumatêng kanjêng sultan | mangke kawon wong Matawis | nglurug Madura | Sujanapura mati ||
30. gih panduka eyang dikakkên lumampah | ngêjum wadyèng Matawis | Ki Juru ngandika | wus lali isun aprang | lan lakune tan kadugi | matur kang wayah | kawula tandhu kaki ||
31. sigra mangkat Ki Juru kalih kang wayah | tandhu kang dèn titihi | tan kawarnèng marga | wus cundhuk lan kang wayah | kajêng sultan ing Matawis | nulya ingatag | kaki ngluruga aglis ||
32. sigra mangkat Pangeran Silarong ika | andhèrèk eyangnèki | tan kawarna marga | wus prapta ing Mandura | warnanên wadya Matawis | sarawuhira | Jêng Pangran Jurukithing ||
33. iya sapa satigale Janapura | iya ikang gêntèni | kang tinanya nêmbah | sakèh para dipatya | wayah panduka pribadi [pri...]
--- [f. 228r] ---
[...badi] | agèr[90] Pragola | kang dadya senapati ||
34. Pangran Jurukithing sagra ngliwêt saga[91] |[92] sampunnya matêng sigih | nulya kinêpêlan | Ki Juru angandika | hèh jêbèng Dipati Pathi | sira dumêna | sakèh para dipati ||
35. sampun dinum mring sagung para dipatya | ya ta wadya Mêtawis | kang pêjah ing rana | pan sampun ginêntenan | marang ing anaking rèki | kang tan sêsuta | kaponakane dadi ||
36. Pangran Jurukithing kinèn angliwêta | ikang kêkêndhil malih | wus matêng sêmana | dinum mring wadya kathah | miwah kang para prajurit | wrata sadaya | sigra nêmbang têngari ||
37. pan kumêrab wadyabala ing Mataram | siyaga magut jurit | sagung pra dipatya | tuwin para sêntana | arêmbug ngawaki jurit | wadya Mataram | kotbuta tandangnèki ||
38. dyan warnanên ki dipati ing Mandura | umangsah magut jurit | Dipati Balega | Sumênêp Aribaya | Pamêkasan datan kari | ing Pakacangan | sarêng umasah jurit ||
39. sampun samya bêdhil-binêdhil kang yuda | wong Mandura ningali | agiris sadaya | ningali tandangira | sakèhing wadya Matawis | ajimprak-jimprak | musuh tan darbe galih ||
40. nulya bubar gêgaman limang nêgara | lumayu
--- [f. 228v] ---
rêbut dhimin | wong Pathi Mataram | lir buta olih măngsa | kang kacandhak dèn patèni | kang kawuwusa | Dipati Sampang nênggih ||
41. pirêmbagan suwawi sami nungkula | ngaturkên pati urip | mring Sultan Mataram | sigra nulya utusan | kang dinuta wus lumaris | mring Sang Dipatya | Sumêndhang lan ing Pathi ||
42. sampun katur kang surat dhatêng Pangeran | muwah Sumêndhang Pathi | têmbunge kang surat | kawula ngapuraa | igih sang dipati kalih | tur pêjah gêsang | dhatêng Sultan Matawis ||
43. lakung suka galihe Pangran Sumêndhang | miwah Dipati Pathi | sampun tinêngêran | wau kitha ing Sampang | yèn têluk sang adipati | wus atur surat | têmbung lir madu gêndhis ||
50. Dhandhanggula
[Kanjeng sultan dhawuh bedhah Surabaya. Dipati Surabaya teluk, lajeng suwita dhateng Mataram.[93]]
1. ya ta sigra wadya ing Matawis | pan anglarag dhatêng ing Balega | sampun jinarah kithane | bupatine katêmu | wus binêkta wadya Matawis | Dipati Aribaya | wus ngusi mring gunung | dalême wus jinarahan | sêlirira pawongan binayong ênting | lêbur kutha kalima ||
2. Pakacangan lan ing Aribagi[94] | ing Sumênêp Mandura Mêkasan | lêbur binoyongan kabèh | mung nagri Sampang butuh[95] | pan punika têluk pribadi | ngaturkên pêjah gêsang | ya ta wong
--- [f. 229r] ---
Matarum | samya adudum[96] boyongan | pan winarna rêmbuge abubar mulih | wong agung ing Mataram ||
3. Dipati Sampang sampun acawis | badhe binêkta seba Mataram | abêkta wong sèwu kèhe | nulya budhal sadarum | saking Sampang wadya Matawis | gumêrah ing muara | wong cawis parau | sampun alayar sadaya | datan dangu sampun prapta ing Garêsik | andarung lampahira ||
4. sakathahe bupati pasisir | lajêng dhatêng Mataram sadaya | muwah măncanagri kabèh | ya ta Kiyai Juru | Ki Sumêndhang lan adipati | sêntana pirêmbagan | utusan rumuhun | tur upêksi kanjêng sultan | panungkule dipati ing Sampang nênggih | lan Dipati Balega ||
5. pan akêbat lampahe duta tri | sampun prapta nêgari Mataram | konjuk sadaya-dayane | dyan wau sang aulun | pan utusan mantri kêkalih | gancange kang carita | kang nglurug wus rawuh | ing Jurangjêro sêmana | pan kapêthuk lawan utusan nêrpati | araryyan asêseban ||
6. sigra wau dutane nrêpati | dhawuhakên timbalan nalendra | Adipati Balegane | kinèn matèni iku | sinudukan sampun ngêmasi | jisimira binêkta | ing
--- [f. 229v] ---
ing Jurangjro wau |[97] astanane kinaramat | adipati ing Sampang dipun timbali | laju dhatêng Mataram ||
7. obah kapati jagatde[98] nênggih |[99] duk bêdhahe kutha ing Mandura | sarta Balega patine | iku sêngkalanipun | kawarnaa wadya Matawis | lawan Dipati Sampang | sêmana wus rawuh | sajroning kitha Mataram | Sri Nalendra pan lagya miyos tinangkil | kang nglurug sampun prapta ||
8. Pangeran Jurukithing tinangkil | mring kang wayah Jêng Sultan Mataram | Adipati Bragolane | Pangran Sumêndhang cundhuk | sapraptane sarêng wotsari | angladosakên tawan | katur ing sang prabu | lakung tustha ing wardaya | Kanjêng Sultan Mataram rêsêp ningali | mring Adipati Sampang ||
9. angandika Jêng Sultan Matawis | hèh dipati ing Sampang ta sira | isun aku anak dhewe | Dipati Sampang nuhun | mangarêpa sujud ing siti | kajêng sultan gêganjar | mring wadya sadarum | sêntana myang pra dipatya | pan sadaya ginanjar sampun waradin | tuwin Dipati Sampang ||
10. sabusananya sami linuwih | pan sinami kang putra sadaya | sampun pinêrnah dalême | pinutra-putra danu | pinatêdhan nagara katri | Mandura ing Balega | Ngaribaya
--- [f. 230r] ---
iku | ya ta wau sri nalendra | abdinipun kang saking Kajoran uning | awasta Gêniroga ||
11. apan jinujung ligihirèki | pan kinarya lurah jêro ika | Endranata kêkasihe | sultan jêngkar ngadhatun | tan winarna lamine rèki | antara pitung căndra | Jêng Sultan Matarum | ing mangke dawêg sineba | pêpêk andhèr satriya para bupati | jêjêl ing pasewakan ||
12. kanjêng sultan angandika aris | hèh Tumênggung Mangunonêng sira | lawan Si Yudapranane | Si Katawêngan iku | pada sira dadana jurit | bêdhahên Surabaya | katiga wotsantun | kabèh wong măncanêgara | tindhihana anak isun Ki Dipati | Sampang uruna bala ||
13. abarisa Têrusan sirèki | aja pêrang yèn nora dèn larag | pêpêtên karunên bae | rampung wêling sang prabu | nulya jêngkar lumêbèng puri | warnanên panangkilan | sarêng bubaripun | kang arsa andon ayuda | Ki Tumênggung Mangunonêng mêpak baris | lawan Ki Alap-alap ||
14. sampun pêpak wadya ing Matawis | sigra mangkat lampahira kêbat | tan winarna ing lampahe | ing Japan sampun rawuh | ing Têrusan dènnya abaris | bêngawan sinakrahan[100] | pan sarwi binêndung |
--- [f. 230v] ---
kang mili mring Surabaya | ingurugan bêbathang lan kolang-kaling | dadya wong Surabaya ||
15. nora nana toya kang binukti | kang angumbe apan dadya lara | awatuk lara wêtênge | dadya rêmbug anungkul | kang satêngah angajak jurit | salin barêmbugira | wasana akatur | marang Pangran Surabaya | sinewaka dening sagung para mantri | răngga ngabèi dêmang ||
16. pugawanira pêpêk anangkil | para panji tuwin pra sêntana | pêpêk andhèr ing ngarsane | sadaya sarêng matur | kang sapalih angajak jurit | wanèh angajak kesah | kèmêngan tyasipun | pangeran ing Surabaya | Tambakbaya kumitir miyarsa warti | suka yèn ingabêna ||
17. wong Surabaya pan samya angling | Ki Sanjata mêksa kumawawa | kêdah angajak prang bae | yèn ejuha[101] karuwun | măngsa têmah wontêna ngriki | pasthi wontên ing Pajang | kang kaya sirèku | wong amati ngajak-ajak | Ki Sanjata buronan têka Matawis | wong mati ngajak ala ||
18. lakung èmêng Pangran Surabanggi | dipun rasa bênêr ikang mojar | angajak nukungl[102] bêcike | rinasa jroning kalbu | nanging têka angrasa isin | dadya kèmêngan ing tyas | wadya sami kuru | wong Surabaya
--- [f. 231r] ---
tan mangan | sakathahe wau sami ngajak jurit | ana ngajak nungkula ||
19. ngajak sowan mring Sultan Matawis | dadya pangeran ing Surabaya | kagegeran ing manahe | anungkul karsanipun | anuruti karsaning mantri | ngandika mring kang putra | sebaa karuhun | isun pan ora lumampah | anak isun Si Pêkik sebaa dhingin | ngiringa mantrinira ||
20. para mantri sadaya wotsari | samya umatur mring gustinira | pangraos kawula mangke | nah agèr lampahipun | kadi botên mungkasi kardi | yèn suwawi ing karsa | lêhêng ta pukulun | igih tindaka priyoga | apêpanggih lan putra tuwan Matawis | supados katrimaa ||
21. Pangran Surabaya ngandika ris | isun wêruh iya karêpira | nanging isun durung sae | têmu lan anak prabu | nanging putranisun Si Pêkik | lah kaki lumakua | dadya wakil isun | sira sun srahkên Yyang Sukma | lara pati luwih karsane Yyang Widi | sumăngga titahing Yyang ||
22. Gusti Kang Agung kang ngawikani | ing sapari polah anak iwang | măngsa bodho Pangerane | sun gawani wong sèwu | lan sakèhe kang para mantri | miwah rajabêrana | iki layang isun | tibakêna
--- [f. 231v] ---
kang utusan | ikang baris anèng sajabaning kori | Mangunonêng kang nama ||
23. sigra mangkat Dèn Mas Apêkik |[103] pan ingiring ing wong Surabaya | wong sèwu mugèng wikinge | rajabrana pinikul | pan akathah bokokannèki | pan kinarya pratăndha | yèn tuhu anungkul | sapraptane jawi kitha | dèn sêsiwo marang wadya ing Matawis | èbêt nanging pinêksa ||
24. Kyai Dêmang Ngurawan kariyin | bêkta surat tan adangu prapti |[104] marang pambarisan gêdhe | Kya Mangunonêng mêtu | Ki Ngurawan dipun panggihi | sinungakên kang surat | sinukmèng ing kalbu | ungêle nuwala patra | arsa nukul Pangran Surabaya wangkil | putranipun kewala ||
25. Mangunonêng suka gènnya angling | iya bênêr karsane Pangeran | i wong ngeman nêgarane | nanging kuciwanipun | dening putra kinarya wakil | Mangunonêng ngandika | kănca paran rêmbug | para mantri aturira | măngsa barong Mangunonêng ngandika ris | gêgaman bubarêna ||
26. Kyai Dêmang Urawan wus mulih | sampun matur maring radèn êmas | igih katrima nah agèr | Mangunonêng winuwus | pan utusan dhatêng Matawis | angujuki uninga | Surapriga
--- [f. 232r] ---
nungkul | enjang mangke kawarnaa | sigra bubar sagunge wadya Matawis | miwah wong Surabaya ||
27. tan kawarna lampahe nèng margi | sampun prapta nêgara Mataram | sampun rêrêb sabalane | tan kawarna ing ênu | Mangunonêng lawan Ngabèi | Katawêngan sêmana | Yudaprana rêmbug | Katawêngan sigra mojar | kadipundi Pangeran Surabayèki | botên kabêktèng lampah ||
28. dèrèng eca raose kang galih | bokmênawi manahe tan lamba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | yèn mêkatên rêmbag puniki | suwawi ingutusan | lamun èstu nungkul | nulya aglings[105] aputusan | mantri kalih marang ing Surabanggi |[106] duta tri nulya mentar ||
29. dyan Mas Pêkik agawani mantri | Ki Urawan kinon awangsula | sangêt wêling mring ramane | utusan wus lumaku | tan winarna pan sampun prapti | caraka Surabaya | Urawan umatur | panduka gusti ngaturan | dhatêng putra panduka tindak Matawis | panggiha lawan sultan ||
30. Pangran Surabaya dadan aglis | nulya wau angambili kuda | tansah anutuh ragane [raga...]
--- [f. 232v] ---
[...ne] | angrasa lamun luput | yèn ngagea aturing mantri | măngsa ta mêngkenea | manahe anglalu | mênawa ta kajêng sultan | duwe adil palamarta marang kami | cupêt baliluniwang ||
31. sigra mangkat Pangran Surabagi[107] | mantunira Dipati Sanjata | apan binêkta lakune | Jagaraga tan kantun | Adipati Pajang umiring | mring Pangran Surabaya | gancang lampahipun | kalawan sawadyanira | jêng pangeran sampun prapta Panaragi | tumamèng pasanggrahan ||
32. asêseban sakahing[108] mantri |[109] Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | arêrêb anèng ênu | lami nganti karsa nrêpati | sêmana sarêng prapta | utusan sang prabu | amundhi ikang timbalan | sampun panggih lan Mangunonêng agipih | pangeran ingutusan ||
33. Pangran Surapriga nulya prapti | sigra gandhèk Mataram punika | dhawuhakên timbalane | pêkênira awangsul | putra dika dipun timbali | lan Arya Tambakbaya | puniku pinundhut | lajênga marang Mataram | ya ta pangran datan lênggana ing kapti | sumăngga ikang karsa ||
34. lan kalihe ikang [i...]
--- [f. 233r] ---
[...kang] para mantri | Surabaya pinundhut jêng sultan | dikakke lajêng lampahe | lawan putra sang prabu | apan igih karsa udani | mantri ing Surapriga | Pangeran tumukul | tan kuwasa lêngganaa | ing karsane sri bupati ing Matawis | Surapriga kojuka[110] ||
35. nadyan silih pati urip mami | pan sumăngga karsane jêng sultan | datan angrasa dêdarbe | ya ta wus bubar sampun | sagung ikang para dipati | Mangunonêng wus budhal | prapta ing Matarum | kojuk polahe sadaya | para mantri ing Surapringga anênggih | wus katur mring sang nata ||
36. para dêmang răngga lan ngabèi | sri nalendra aris angandika | padha uculana kabèh | sakèhe bojonipun | ulihêna lakine sami | ya ta sami nguculan | umarak sang prabu | sang nata aris ngandika | hèh Tumênggung Sapanjang dadia tindhih | ngêjuma Surabaya ||
37. padha sira muliha dèn aglis | lan si paman anèng Panaraga | padha ampirana age | iya gawanên mantuk | mring nagara lawan si adhi | umahna jabaning kutha |[111] sira konên mantuk | kang kinon sarêng wotsêkar | sampun lèngsèr datan kawarna ing margi |
--- [f. 233v] ---
wus prapta Panaraga ||
38. pangran binêkta ing Surabanggi | lan kang putra Tumênggung Sapanjang | ikang gêntèni kuthane | pangeran ênggènipun | jawi kitha lan anak rabi | ênêngêna pangeran | gêntia winuwus | Kajêng Sultan Ingalaga | dina Soma sang nata miyos tinangkil | durmane kang sewaka ||
51. Durma
[Adipati Pragola saking Pathi malik tingal. Kanjeng sultan saha wadya Mataram lumurug dhateng Pathi.[112]]
1. ginarêbêg sang nata dening wanodya | Magêrsari marapit | lêmbing tumbak pêdhang | kalawan waos sulam | prayayi Nutra marapit | wong Priyataka | anèng ngarsa atêbih ||
2. Saragêni ajajari[113] anèng ngarsa | gandera kanan kering | warnanên kang seba | Kapêdhak Jagabela | Nyakragnyana sisihnèki | kapilih aglar | sisih sami Kapilih ||
3. Udaraga asisih lawan niyaga | wong Nirbaya anangkil | lan wong Kartiyasa | sisih wong Wisamarta | Brajanala sisihnèki | wong Brajawisa | sadaya samya nangkil ||
4. wong kanoman asisih wong patrawisa | gandhèk anaking mantri | wong singanêgara | martalulut sisihnya | wong niyaga anèng wuri | kabayan ngarsa | wong mandhung anèng wuri ||
--- [f. 234r] ---
5. astranaga kalawan wong mangundara | sisih wong judhipati | lawan wong jantaka | samya nangkil sadaya | wong margăngsa anèng wuri | wong suranata | jajar lawan wong carik ||
6. Panêmbahan Purubaya anèng ngarsa | tuwin kang rayi-rayi | Pangran Arya Mênggala |[114] andhèr para sêntana | lan Pangeran Singasari | lan Têpasana | dyan Dêmang Tanpanangkil ||
7. Jêng Pangeran Juminah sampun siwaka | Pangeran Mangkubumi | Pangran Pugêr seba | Pangeran Upasanta | sadaya samya anangkil | para sêntana | Pangeran Sokawati ||
8. Jêng Pangeran Balitar sampun siwaka | sêntana kang kapering | Pangran Martasana | Radèn Prawiratruna | Arya Pulangjiwa nangkil | Răngga Tanpulas | lan Radèn Wirasari ||
9. Adipati Mêrtalaya wus siwaka | lawan Sang Adipati | Mêmênang aseba | lan Radèn Prigalaya | punika kang lagya prapti | Kusumayuda | Dêmang Malaya nangkil ||
10. pra dipatya ikang sewaka winarna | Endranata anangkil | Singaranu seba | Tumênggung Wiraguna | Arya Martalaya nangkil | lan Alap-alap | Mangunonêng anangkil ||
11. Rajaniti lawan Kyai Katawêngan | Ngabèi Wirapati | myang para wêdana | Tumênggung [Tumêng...]
--- [f. 234v] ---
[...gung] Baurêksa | lan Tumênggung Mendakêrti | lan Têpasara | lan Arya Dhadhaptulis ||
12. Radèn Arya Pamot mugèng ing ngayunan | lan Kuladaragêni | lawan Pasisingan | lan Panji Singajaya | Ngabèi Patrabèngsèki[115] | Suramênggala | Patrayuda anangkil ||
13. Kya Tumênggung Sindubaya anèng ngarsa | lan Rajamênggalèki | lan Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | lawan Panji Wirabumi | Astrawêdana | Arya Panular nangkil ||
14. Ki Ngabèi Karandhêgan lan Ratmaka | Gandhuruhan ing Wêdhi | Ki Kartamênggala | lan wong pandhan punika | Dipati Sampang anangkil | i wong bumija | numbakanyar wus nangkil ||
15. wong Banyumas têngahan lan wong Pasundhan | Ciancang lan Ciamis | Tumênggung Ciancang | Wiramantri kang nama | Wirautama Ciamis | Kusumadika | Tumênggung Banêgari ||
16. Sokapura Bandhung lawan Prakan Mucang | Ciblagung Ngukur nangkil | Pangeran Sumandhang | punika wadananya | Dêrmayuda Krawang nangkil | Panjalu seba | Cianjur samya nangkil ||
17. Pangeran Carêbon ing wau sampun aseba |[116] sadaya wong pasisir | wus mugèng ngayunan | tuwin măncanêgara | kilèn wetan sami prapti | pêpêk sadaya | angarang nèng Matawis ||
18. pra dipati pasisir wisma Mataram | sawetan Bantên nênggih | sakilèn [saki...]
--- [f. 235r] ---
[...lèn] Balambangan |[117] pêpêk anèng Mataram | jêjêl andhèr păncaniti | tanpa wilangan | wadya ikang anangkil ||
19. Kajêng Sultan Ingalaga angandika | apa karaning Pathi | si adhi Pragola | nora katon aseba | iki pêpêk wong pasisir | măncanêgara | ing kalamăngsa iki ||
20. Kya Tumênggung Endranata matur nêmbah | ămba miyarsa warti | nênggih rayi tuwan | ămba arsa balika | gênti waris ing Matawis | amalih tingal | panduka dèn ayoni ||
21. apan mangke rayi dalêm pradadanan | arsa nglurug mariki | pan nêgari tuwan | pasisir lèr punika | sadaya dipun irupi | Langsêm Juwana | Garobogan wus kêni ||
22. nanging Dêmak kang maksih mêpên ing kutha | wong cili dèn bajagi | Kudus ing Jêpara | Kalinyamat wus kêna | Pajakungan[118] Rêmbang kêni | kawênang-wênang | rayi dalêm ing Pathi ||
23. sêmu duka liringe Sultan Mataram | lah iya adhi Pathi | ngayoni pun kakang | lah uwa Purubaya | samya pinikir ing galih | yogya tandhing prang | lawan si adhi Pathi ||
24. igih uwa Purubaya karsaniwang | kula tindak pribadi | apan adhi êmas | Bragola ing Santênan | arsa ngayoni mring kami | tandhing
--- [f. 235v] ---
prawira | bok iya sun turuti ||
25. wong Mataram dèn egal padha dadana | besuk isun tindaki | sagung pra dipatya | atur sêmbah sandika | sang nata bubar tinangkil | malêbèng pura | ginarêbêg pra cèthi ||
26. kawarnaa enjang anêmbang têngara | obah wadya Matawis | amêpêk gêgaman | sampun prapta sadaya | ing alun-alun abaris | ambèr ing pasar | lêlurung jêjêl baris ||
27. datan kêna lêlurung ngambah wong liyan | kèbêkan dening baris | miwah kang jajaran | pirang pandêlêng sinang | lir samodra tanpa têpi | lamun sinawang | alyir prawata gêni ||
28. gêgamane wong pasisir warna-warna | ikang binolang kuning | mamas kapurancak | wanèh kang pothang lima | wêrgu ganjur lan panjalin | bung ampèl abra | tumpêr ingas lan putih ||
29. pan wong Sampang landhehane bolang abang | tumbak sulam nèng ngarsi | ponthang puput aglar | tulup lêmbing lan pêdhang | prajurite bêcik-bêcik | brêngos sacaplang | panjang-panjang pinuntir ||
30. kawarnaa sang prabu lagya busana | rêspati nyamping bathik | lancingan rinenda | apantês nyamping tambal | ki gundhil rinasuk aglis | dhuwung nuriga | ki sangkelat nèng ngarsi ||
31. sigra miyos orêg wadya ing Mataram [Matara...]
--- [f. 236r] ---
[...m] | gêgaman dalêm mijil | saragêni tembak | tumbak warêgu aglar | ganjur landheyan punjalin | sinulam êmas | galathik mungup asri ||
32. wadya ikang magêrsari samya kapang | ngagêm pêdhang lan tampsir | lêmbing tulup panah | atap mugèng ngayunan | padha wong trah wani mati | prayayi nutra | samya asikêp karbin ||
33. kajêng sultan dikakkên nêmbang têngara | nulya budhal kang baris | sigra tinêtêgan | budhal baris pangarsa | alyir obah kang pratiwi | syaraning jalma | kang nguwuh kăncanèki ||
34. asauran syarane turăngga liman | lir ombaking jaladri | myang karciking watang | umrês lêlayu sinang | dinulu agêgirisi | ambyaring bala | alyir awon-ahwon[119] gêni |[120]|
35. sigra mangkat sang nata nitih turăngga | budhal sagunging baris | untabe awêndran | dinulu tan wilangan | pirang pandêlêng ngabêki[121] | para sêntana | ikang lumakyèng wuri ||
36. tan winarna gancange ikang carita | prapta jawining taji | nglarug kang gêgaman | sampun prapta ing Pajang | wong pasisir andhingini | măncanêgara | sampun gêpuk ing Pathi ||
37. Kajêng Sultan Mataram rêrêb nèng Pajang | wadya kang andhingini | samya ambêbahak |
--- [f. 236v] ---
padesan ing Santênan | kidul gunung dèn boyongi | ikang abăngga | pan samya dèn patèni ||
38. wong padesan kathah ikang ngusi kitha | samya atur upêksi | dhatêng lurahira | ya ta kang kawarnaa | wau Ki Dipati Pathi | lagya sineba | pêpêk kang para mantri ||
39. Radèn Arya Kandhuruhan mugèng ngarsa | lan Arya Sawunggaling | Arya Sindurêja | Ngabèi Wirasraya | Tumênggung Rajamênggali | Tumênggung Kulon |[122] Binarong mugêng ngarsi ||
40. sira Arya Mangunjaya asewaka | lan Dêmang Surèngpati | Tirtanata seba | lan Răngga Capadesa | atap wau anèng ngarsi | lan Arya Patra | lan Arya Mêgatsari ||
41. Pangalasan wasta Dêmang Jagantaka | lan Dêmang Wrêduaji | lawan Jayèngrana | jajar Răngga Prameya | lan Ngabèi Wirasêkti | andhèr ngayunan | para niyaka Pathi ||
42. Surataka lawan Dêmang Sêkarlaya | Ngabèi Jayèngpati | Răngga Mêrtahinta | lawan Surabramatya | lan Ngabèi Sastrapati | Sastrawijaya | andêl-andêling Pathi ||
43. kapêdhake miwah mantri kajinêman | Kêrtiyuda Mongkarti | Ki Răngga Caruban | lawan pun Macukilan | Kilat Thathit sisihnèki | Dêmang Katawan | lan Răngga Orangliring ||
44. Dêmang Gêlap Ngampar
--- [f. 237r] ---
Cakrajagtika |[123] lawan pun Endragêni | lawan Langit Bêdhah | asisih Jurang Bubrah | punika samya sinêlir | Dêmang Mancawang | lan Ngabèi Kêkulik ||
45. Bajobarat kalawan Dêmang Pangrujang | lan Dêmang Amucicil | sisih Bandur Gêlap | Ngabèi Rujak Panjang | Dêmang Setan Manganbêlis | pun Tholemeya | sisih pun Tambangjulig ||
46. para lurah kang wasta pun Prayagita | sisih pun Gitagati | Carang Gitamuka | sisih Carang Buwana | pun Dêmang Banyak Sêsimping | Andaru Dêmang | pêpêk prajurit Pathi ||
47. angandika Kya Dipati Abragola | mring sagung para mantri | paran ikang warta | dening gègèr ing jaba | kajinêman awotsari | ing sang dipatya | amba atur upêksi ||
48. yèn ing mangke dêdamêl Mataram prapta | têpis wiringing Pathi | risak tiyang desa | jinarah binajagan | ikang băngga dèn patèni | kathah kang risak | kagyat ki adipati ||
49. alah sapa wong Mataram kang atindak | kang dadya senapati | matur kajinêman | igih raka panduka | punika tindak pribadi | kêrig sadaya | sêntana ing Matawis ||
50. pra dipatya tan wontên kantun Mataram | miwah tiyang pasisir | pan kêrig sadaya | tuwin măncanêgara |
--- [f. 237v] ---
rakanta Sultan Matawis | lakung rudita | mila tindak pribadi ||
51. lakung suka mirsa Dipati Pragola | alatah ngêntrog wêntis | lêga atiniwang | kakang Prabu Mataram | dene atindak pribadi | apan sun sêdya | ki lurah sun ayoni ||
52. lah sakèhe sanak isun wong Santênan | padha sun ajak mati | ajaluk sukanira |[124] yèn ana kang lênggana | sumikira mumpung makin | kêrana iwang | amusuh tudu[125] tandhing ||
53. dening musuh kakang prabu ing Mataram | nanging isun andhêmi | matia ing rana | amusuh kangmas sultan | para sêntana anangis | dhuh sang dipatya | panduka mukur[126] benjing ||
52. Pangkur
[Para sentana Pathi sami prasetya badhé bela dhateng dipati Pragola.[127]]
1. Kandhuruhan matur nêmbah | adhuh gusti sampun panduka jurit | bênjang yèn wus ajur mumur | balunge Kandhuruhan | lakung karsa panduka ngawaki pupuh | yèn panduka dhatêng têmah | amba sampun awor siti ||
2. Sawunggaling matur nêmbah | adhuh gusti yèn tuwan magut jurit | kawula ngamuk karuwun | yèn amba sampun pêjah | lakung karsa panduka ngawaki pupuh | panêdha kula maring Yyang | sampun angawula malih ||
3. anjalmaa kaping sapta | sampun liyan gusti kang adarbe dasih |[128] Arya Sindurêja matur | dhuh gusti sang dipatya | pun Sindurja dadosa dhêp [dhê...]
--- [f. 238r] ---
[...p] amun-amun | lêbura kadya pratala | sampun kantos salin gusti ||
4. Tumênggung Rajamênggala | matur nêmbah dhuh gusti sang dipati | sampun panduka prang pupuh | yèn amba taksih gêsang | kasukana panduka ing jro kadhatun | yèn kawula sampun pêjah | karsa panduka ngawaki ||
5. Sawunggaling matur nêmbah | adhuh gusti igih sang adipati | amba kawula karuwun | maguta ing ayuda | amapaga yudane ing wong Matarum | suka matia ing rana | kang abdi sampun amukti ||
6. Tumênggung Tohpati nêmbah | pun Binarong suka pêjah kariyin | sampun panduka prang pupuh | Binarong maksih gêsang | kasukana gusti kalih para arum | amba ikang amapaga | yudane ing wong Matawis ||
7. Wirasraya matur nêmbah | adhuh agèr yèn prapta wong Matawis | kawula amuk karuwun | yèn botên tatu jaja | tatu gigir panduka pakakna ngasu | sampun pinêndhêm ing lêmah | dados jêjêmbêri siti ||
8. pun Cakrajagat tur sêmbah | lamun watên gusti wong wêdi mati | eman majangi wong iku | manusa sabên dina | pêpantêse wong iku majangi asu | datan layak kabdèkêna | dhatêng jêng panduka gusti ||
9. Dipati
--- [f. 238v] ---
Pathi ngandika | sun tarima kabèh prasatyanèki | mugi Yyang Kang Maha Luhur | tinêtêpna tinira | risaksana sang dipati malih muwus | maring sagunge parêkan | amêmundhut sang dipati ||
10. wus prapta aglar ngayunan | nulya dhahar lan sagung para mantri | sinarêng tan watên kantun | pra sêlir mugèng ngarsa | samya kinèn amborèhi mantrinipun | sarta nglarihi waragang | pan sarwi anênumpingi ||
11. nulya lajêng bêbadhayan | sang dipati lan sagung para mantri | syarane kêplok gumuruh | sênggaknya atimbalan | para mantri ginanjar sadaya sampun | busana arta kancana | wêrata tan ana kari ||
12. para mantri sarêng nêmbah | abdi dalêm gusti satrubus benjing | anjalmaa kaping pitu | kabdèkêna mring tuwan | gusti Pathi ing donya ngakeratipun | dhuh gusti yèn musuh prapta | ikang abdi naur kang sih ||
13. musuh Mataram yèn prapta | magut ing prang aja na bisa urip | wong kanca barênga lampus | nèng ngarsa sang dipatya | Kya Dipati Pragola alon amuwus | lah iya isun tarima | barênga kalawan mami ||
14. yèn isun têmpuh ing yuda | wadyanisun barênga lawan mami | sanadyan têkènga lampus | wadyanisun kèh rusak |
--- [f. 239r] ---
isun urip pasthi bèbète wong buruh | dudu trahing wong Santênan | eman sinêmbah ing jalmi ||
15. gusti sampun magut yuda | satêlase abdi panduka Pathi | sakarsa panduka kantun | adipati ngandika | datan niyat apisah lan wadyanisun | mati urip abarênga | aja pisah lawan kami ||
16. apan isun wus angrasa | musuh aprang lan kakang ing Matawis | iya apa marganipun | wong Pathi yèn mênanga | aprasasat karubuhan gugung[129] agung | amusuh lan wong sajagat | nanging ta isun andhêmi ||
17. pan uwis karsaning Sukma | lamun isun mati têngahing jurit | amusuh lan kakang prabu | pan isun tan sumigah | lara pati uwis karsaning Yyang Agung | iya jênênge kawula | nora kêna milih pati ||
18. wontên mantri kang panuwa | Mangunjaya matur sarya anangis | adhuh agèr gustinisun | bok sampun sapunika | kali[130] raka panduka Sultan Matarum | rakanta Sultan Mataram | tan watên samar ing gusti ||
19. lakung asih ing panduka | ing rat Jawi datan wontên kêkalih | minăngka sosoranipun | agèr jênêng panduka | dipun èngêt sampun kadhaharan atur | pun Endranata [E...]
--- [f. 239v] ---
[...ndranata] punika | Mataram ratuning bêlis ||
20. tan pênêd yèn tinurutan | Endranata igih ratuning drêngki | Dipati Pragola muwus | lah uwis bapa mênênga |[131] apan isun tan bisa gisiri sagup | ujare dèn kaya sêmba | iya bapa sun labuhi ||
21. mantri sadaya angucap | Mangunjaya wong tuwa rika ajêrih |[132] ayya milu aprang pupuh | dhêlika anèng jromah | Mangunjaya angucap sarwi abêkuh | wong anom padha kumêthak | tan wruh wêkasane kardi ||
22. Sang Adipati Pragola | hèh wong Pathi sun budhal benjing-enjing | amapag prang kakang prabu | sun papag jaban kitha | dèn samêkta gêgamanira ing esuk | kang para mantri sadaya | matur sarya awotsari ||
23. jêngkar Dipati Pragola | angadhaton ginarêbêg ing sêlir | kang para garwa amêthuk | wontên ing paregolan | samya nêmbah para garwa ngaras suku | pan sarwi ngisuhi pada | anênggih sang adipati ||
24. wus prapta dalêm sakirna | lajêng sare wau mugèng ing kathil | kang garwa ngandhap sadarum | samya anèng ing dagan | aningali mring kang raka lakung ngungun | dening owah cahyanira | alum wênês sêmu putih ||
25. dangu kèndêl tan ngandika | dadya matur kang para garwa ngabêkti |[133] dhuh
--- [f. 240r] ---
kang êmas gustinisun | mila datan ngandika | baya duka maring kang garwa sadarum | suwawi winiyosêna | aduka mijil kang abdi ||
53. Mijil
[Dipati Pragola tinangisan para garwanipun amargi badhé perang mengsah kanjeng sultan Mataram.[134]]
1. angandika sang adipati |[135] marang para sinom | dhuh pun kakang wawêrta nah anggèr | kakang êmas prabu ing Matawis | anglurug mariki | kêrig wong Matarum ||
2. cucuking prang prapta têpis wiring | wong desa binayong | kakang prabu ing besuk rawuhe | arsa mundhut pati urip mami | manira ing benjing | amapag prang pupuh ||
3. apan isun yèn maguta jurit | pasthi têmah layon | isun pamit marang garwa kabèh | dèn abisa ing sapukur mami | ngawula sang aji | marang ing Matarum ||
4. para garwa sarêng gènnya anjrit | gumrah ing kadhaton | apan samya sumungkêm padane | amangrêpa matur ngasih-asih | dhuh kangmas dipati | yèn kênia sampun ||
5. mêngsah dhatêng rakanta nrêpati | sang nata tan awon | mring paduka kalakung asihe | pan kinarya wêdana pasisir | boboting rat Jawi | sêsèrèning ratu ||
6. sampun paduka ladosi jurit | cundhuka kemawon | ya ta mèsêm kang raka dêlinge | lara pati tan apilih margi | yèn wus têkèng jangji | pasthi rusakipun ||
7. apan isun [isu...]
--- [f. 240v] ---
[...n] mirah amêkasi | panjênêngan ingong | pan ing Pathi wus puput jênênge | sapukure anak putu mami | tan ana kang dadi | sirna tanna kantun ||
8. isun titip anakira cili | poma dèn gumatos | apan iku durung wruh kamuktèn | kasêlak isun alabuh pati | rusake ing Pathi | barêng ajalipun ||
9. saya asru para garwa anjrit | angabyuki pakon | sang dipati angimur garwane | tansah rinungrum ingarih-arih | mindêla mas yayi | karsaning Yyang Agung ||
10. tan winarna sadalu ing nguni | ngimur para sinom | ya ta wau warnanên enjange | sang dipati kujamas bêbêrsih | agêganda wangi | burat marbuk arum ||
11. sigra ngrasuk kapraboning jurit | wasiyat kinaot | bêbêrkatan wus rinasuk kabèh | wadyabala kumêrab ing jawi | sagung para mantri | jêjêl ngalun-alun ||
12. abra sinang busanane mantri | lir prawata kabong[136] | warna-warna wau dêdamêle | waos binang layan ponthang putih | kapurancak asri | tumpêr ingas ganjur ||
13. pêdhang tamèng wêrgu lan panjalin | kang samya binlasong[137] | ing mas jiga murub ujyalane | gêbyar sênjata lir kilat thathit | lêlayu marnani | daludag lir mêndhung ||
14. umbul-umbul kêkandha kumitir | gêgaman jro miyos [miyo...]
--- [f. 241r] ---
[...s] | wong kapêdhak abra busanane | pan gumêrgut tandange wong Pathi | kang arsa naur sih | agea katêmu ||
15. nganti wiyose sang adipati | warnanên kadhaton | para garwa sangêt panggubêle | nanging wau ta sang adipati | manahe tan gisir | tan owah sarêmbut[138] ||
16. Kya Dipati Bragola dyan mijil | anatab kêndhang gong | pan gumuruh kang wadya syarane | para garwa samya atut wuri | abali nèng kori | dinukan mring kakung ||
17. samya tawan tangis para rabi | gumêr syaraning wong | wus pinupus lakung prihatine | kawarnaa wau sri bupati | sineba prajurit | muguh kanan pukur ||
54. Pangkur
[Prajurit Pathi siyaga mapag dhatengipun prajurit Mataram. Prajurit Pathi sumbar-sumbar nantang yuda dhumateng prajurit Mataram.[139]]
1. lêlurahira kapêdhak | wastanira Ki Dêmang Cakragati | Cakrayuda sisihipun | kalawan Cakradita | anglurahi saragêni têngên iku | kang kiwa Ki Prayagala | kalihe sami prajurit ||
2. lêlurah ing kasinoman | Ănggayuda lawan pun Yudakêrti | Patrawisa lurah nulup | asisih Wisamarta | wong anutra Anggandara lurahipun | asisih Jayalêksana | punika sami prajurit ||
3. wong rêrangin lêlurahnya | Jayèngsari asisih Jayèngrêsmi | wong Magêrsari [Ma...]
--- [f. 241v] ---
[...gêrsari] atêpung | asri busananira | kya dipati ngandika marang tumênggung | gêgaman lah budhalêna | sigra têtêg munya aglis ||
4. budhal sagunging gêgaman | asri tinon busananira prajurit |[140] ana kulambi baludru | rinenda ing mas jiga | sora-sari maliyo kulanthe murub | sakêlat acih rêrendan | dodoman[141] kinait asri ||
5. bajonya binapang-bapang | dhasaripun sangkêlat abang acih | ana kang sangkêlat wungu | kuning acih rêrendan | wanèh leja kulenthang lan galar kunus | ikang abêkta gêgaman | sawanèh sangkêlat putih ||
6. samya tarênggos sêngkêlat | abra sinang kadya prawata gêni | gêgaman budhal sadarum | ya ta sang adipatya | nitih kuda Layarwaring wastanipun | ulêsipun dhawuk pêthak | binusanan murub asri ||
7. ikang kinon têngga pura | mantri papat sami prawirèng jurit | sang adipati wus laju | ingiring dening bala | pra sêntana agarêbêg[142] mugèng pukur | yèn dinulu sang dipatya | lir Karna arsa prang tandhing ||
8. prapta sajawine kitha | wus satata sagung kang para mantri | akarya têtarub agung | piranti akasukan | apan dhahar lawan para [pa...]
--- [f. 242r] ---
[...ra] mantri agung | rame gènnya akasukan | sagupe tan na gumisir ||
9. sigêgên sang adipatya | kawarnaa Kajêng Sultan Matawis | sineba ing wadyanipun | anèng ing pasanggrahan | sampun konjuk yèn wong Santênan amêthuk | Sultan Ngalaga ngandika | mring sagung para dipati ||
10. hèh payo para dipatya | atataa pangawat kanan kering | Si Tumênggung Singaranu | iku anindhihana | sarupane iya têtêngêran isun | ikang dadi gêgunungan | anindhihi wong Matawis ||
11. dene isun anèng wutat | rada kering dene kang sun tindhihi | iya mung kapêdhak isun | lan sagung pra sêntana | sarupane aja adoh lawan isun | poma dèn padha prayêtna | wong ing Pathi bêcik-bêcik ||
12. kalawan Si Endranata | nindhihana sarupane pasisir | pangawat kiwa gènipun | bumija lan panêkar | Mêrtalaya Wiraguna têngênipun | nindhihi măncanêgara | pan sampun atata sami ||
13. sagunge para sêntana | lan kapêdhak kang ngadhêp sri bupati | rada alindhuk gènipun | kalingan pagêr jarak | tan amawi gandera lan umbul-umbul | têngêranira sang nata | Singaranu kang nindhihi ||
--- [f. 242v] ---
14. kinarya wakiling nata | Singaranu dadya tuguling jurit | nglela têngah ênggènipun | sigêgên sri nalendra | ikang lagya anata gêgamanipun | di Pathi kocapa |[143] pan sampun anata baris ||
15. pinarak ing pabaratan | pan kinubêng dening sagung prajurit | sang dipati ngandika sru | mring rayi Kandhuruhan | ngêndi gone kang êmas gêgamanipun | wadyane pinangku ngarsa | awasêna dipun yêkti ||
16. panêdhanisun maring Yyang | aja liya nguntapna pati mami | amunga kakang mas prabu | yèn liyan datan suka | yèn sun mati anaa ing ngarsanipun | kakang mas Prabu Mataram | sun ajak tandhing kuwani ||
17. Sawunggaling matur nêmbah | gih kawula têtakèn dhatêng têlik | goning raka sang aprabu | têngêran gula klapa | Sawunggaling kêkèjèr[144] ing ngarsanipun | ah pugawa ing Santênan | nêdha magut wong Matawis ||
18. kya dipati angandika | sun tarima marmanira mring kami | nanging ta panêdhanisun | mati urip barênga | lamun mati barêng nêdya lawan isun | nanging ta aja sêlaya | matia [ma...]
--- [f. 243r] ---
[...tia] lan wadya mami ||
19. ngandika sang adipatya | wong pasisir ika cacakên dhingin | dimane[145] nulya anglumpuk | marang gêgaman têngah | sigra surak wong Pathi sarêng anêmpuh | prajurit mangsah sadaya | anitih kuda ngajrihi ||
20. Kandhuruhan mugèng ngarsa | Ki Sindurja kalawan Sawunggaling | prayitna wadya Matarum | surak umyang gumêrah | wadya Pathi galong pipis sarêng nêmpuh | surak lor kidul sauran | kaya rubuha kang wukir ||
21. Sawunggaling asêsumbar | wong Mataram payo rêbutên jurit | yèn sira tambuh maringsun | lah iki si rupanya | Sawunggaling prajurit Pathi pinujul | payo isun kêmbulana | aja na mundur sanyari ||
55. Durma
[Wadya Mataram perang mengsah wadya Pathi. Adipati Pragola lampus dening tumbak Barukuping.[146]]
1. Kandhuruhan mara sarwi sumbar-sumbar | aja na ngapirani | pring sadhapur ika | êndhog sapatarangan | aja na cidra ing jaji | barênga pêjah | aja na kang gumisir ||
2. asaura[147] pan bêdhil-binêdhil samya | wong cili tarung dhingin | rame agêmpuran | surak ambal-ambalan | kukus pêtêng angliputi[148] | ramening yuda | lir gabah dèn intêri ||
3. pra dipatya sami gugup dènnya yuda | bêdhil tumbak wus mati | kêris tamèng pêdhang | ikang maksih kagarap | wong Pathi
--- [f. 243v] ---
lir banthèng kanin | pating juliprak | anigas angidêki ||
4. wong pasisir barisira bubar-bubar | datan măngga apulih | prajurit kèh pêjah | tatanira wus bubrah | wau Arya Sawunggaling | pangamukira | lir banthèng tawan kanin ||
5. aningali Edranata[149] polahira | lamun prajurit Pathi | angamuk manêngah | kadya buta mêmangsa | Endranata wus angênthir | tan nolih bala | bokonge koplak-kaplik ||
6. Sawunggaling anututi Endranata | amburu sarya angling | lah jail mandhêga | Endranata uninga | akêbat malik kulambi | atilar kuda | amor lawan pakathik ||
7. sirna larut wong pasisir bubar-bubar | ngusi baris Matawis | sigra wong Santênan | mingêr pangamukira | măncanêgara dèn byuki | caruking wadya | kuwêl sênjata mati ||
8. pan atadhah bupati măncanêgara | wong Patha[150] ngamuk wani | arukêt kewala | lêmbing măncanêgara | sumawur kadya garigis | wadya Santênan | satindak tan gumisir ||
9. ramening prang kadya ombaking samodra | wong Pathi mêksa ngukih | liwung pangamuknya | kumarayok[151] lir setan | giris wong măncanêgari | barise kokal | mawur ya ta angisis ||
10. lajêng nêmpuh wong Pathi mring
--- [f. 244r] ---
wong Mataram | lakung ramening jurit | apan katadhahan | dening wadya Mataram | tan ana kang ngucap ajrih | gumêr syaranya | têtêg awor lan bêdhil ||
11. lir samodra ombake anêmpuh parang | saking ramening jurit | kasêsêr kang wadya | dening gurda mênggala | arukêt luhuring wajik | sêndhal-sinêndhal | rame kêris-kinêris ||
12. ting calêprot sami tiba saking kuda | sampyuh sarêng ngêmasi | Ki Surabramatya | aprang lan Jagabaya | arame uthik-inguthik | Surakotbuta | ngantêp panumbaknèki ||
13. Kya Tumênggung Jagabaya malês numbak | Surabramatya nangkis | nanging kadharadhag | kêna baune kiwa | Surabramatya ngêmasi | wadya Mataram | surake wanti-wanti ||
14. Jayèngrana aprang lawan Mêrtalaya | rame uthik-inguthik | karo samya kuwat | datan ana kasoran | Mêrtalaya angawaki | Ki Jayèngrana | tumandang karo kêris ||
15. Jayèngrana angêtog karosanira | panuduke anitir | pagah[152] Martalaya | sinuduk nora indha | wulu salămba tan busik | narik curiga | pêrang-pinêrang
--- [f. 244v] ---
kêris ||
16. Jayèngrana sinuduk jajane bêncah | aniba nuli mati | Radèn Kandhuruhan | sampun ayun-ayunan | kalawan Ki Rajaniti | nulya tinumbak | wau Ki Rajaniti ||
17. pan tinangkis watange putung ajêplak[153] | anulya dèn larihi | jajanira bubrak | têrus dhatêng walikat | Rajaniti angêmasi | wong Pathi surak | lir udan sinêmèni ||
18. Mangunonêng tumingal putrane pêjah | kudane dèn camêthi | thole putraniwang | durung usume pêjah | durung wruh rasane mukti | hèh Kandhuruhan | payo tandhing kuwani ||
19. dyan tinumbak Kandhuruhan kapalêsat | tiba saking turanggi | apan burakangan[154] | nanging tan kaprajaya | tinumbak tinitir-titir | Dyan Kandhuruhan | ngadêg sarya nglarihi ||
20. Mangunonêng tinumbak jajane bêngkah | niba nuli ngêmasi | sigra Kandhuruhan | nguwuh asumbar-sumbar | kudane dipun titihi | anandêr noklang[155] | sêsumbar tnatang[156] jurit ||
21. lah rêbutên iya iki Kandhuruhan | kaipe mring Dipati | Bragola Santênan | lah payo kêmbulana | dadi sukane kang ati | barênga pêjah | kalawan kănca mami ||
--- [f. 245r] ---
22. Kêrtajaya aprang lawan Yudabăngsa | rame ukih-ingukih | Kartajaya kabranan |[157] anèng wau ing rana | dhuwah-dhawih tatunèki | Ki Kartajaya | tan kongsi jaluk warih ||
23. Kya Dipati Bragola ningali bala | lakung wirang ing ati | wadya kathah pêjah | lakung bramatyanira | anyamêthi kuda aglis | wastaning kuda | nênggih pun Layarwarih ||
24. sarêng mangsah kapêdhak lan kajinêman | kudanya sami nyirig | tan liyan sinêdya | Adipati Bragola | mung kang raka sri bupati | têngaranira | kang tinêlêng ing ati ||
25. sampun pêrêk lan gêgamaning Mataram | kinarutug ing bêdhil | surak lir ampuhan | bêndhenya munya ngakang | gamêlan muni dèn titir | sang adipatya | sukanira tan sipi ||
26. dyan kinêtab turangganira angêrap | yitna wadya Matawis | Dipati Bragola | sigra wau nêrajang | prajurit umangsah sami | wadya Mataram | panggah dènnya ajurit ||
27. awor lindhu wong Mataram kathah pêjah | dening prajurit Pathi | polahe lir macan | sêsuta kurang mangan | sawanèh lir banthèng kanin | numbak anigas | anuduk angakahi ||
28. ramening prang têtêge kaya butula | surak karêngèng langit | tandange kang bala | lir banthèng tawan brana | tan [ta...]
--- [f. 245v] ---
[...n] mundur dening braja | tandangira gêgilani | sang adipatya | sumêdya labuh gêni ||[158]
29. Ki Tumênggung Singaranu katêksisan |[159] wadyanira wus gusis | lumayu sadaya | Singaranu katunjang | dening wadya ing Matawis | kyai dipatya | asru ngamuk pribadi ||
30. Adipati Bragola pangamukira | liwung tan olih tandhing | nanging sri nalendra | pinusêng ingulatan | adangu datan kapanggih | sang adipatya | tansah agigit[160] lathi ||
31. wong Mataram mangke tan măngga puliha | para mantri angisis | giris tandangira | para mantri Santênan | lir bajo angajawi |[161] wadya Santênan | ngamuk tan olih tandhing ||
32. Kandhuruhan anumbak ing Panêmbahan | pangran ngandika aris | setan Kandhuruhan | rusuh panumbakira | eman tanganmu bok sakit | Kya Kandhuruhan | tansah anggigit lathi ||
33. Panêmbahan Purubaya angandika | usapên dèn aririh | iya tumbakira | mênèk kuthah ludira | emane amanting brangti | pasah dèn tumbak | angur mati duk cili ||
34. Kandhuruhan numbak sarwi gigit waja | putu[162] watange rèki | angunus curiga | Kandhuruhan nêrajang | panuduke wanti-wanti | Pangran Purbaya | panggah datan gumisir ||
35. sigra pangran wau anarik curiga | dhuwung aran pun Panji [Pa...]
--- [f. 246r] ---
[...nji] | ya ta Kandhuruhan | ginoco jajanira | malêsat tiba kabanting | wus kinakahan | sinuduk gulu iring ||
36. Kandhuruhan sampun mati kapisanan | Tumênggung Kulon aglis | sigra anêrajang | numbak mring Panêmbahan | panumbakira anitir | putung kang watang | pangran amalês aglis ||
37. Kya Tumênggung Kulon wau kaprajaya | jajanya trus ing gigir | pan sampun palastra | surak kadya ampuhan | wong Mataram aningali | Pangran Purbaya | yèn kinarubut jurit ||
38. pra dipati samya atulung sadaya | umangsah ing ajurit | pan samya prawira | wong cili sampun sirna | samya lumayu atêbih | kang badayuda | sêntana pra dipati ||
39. nanging abdi dalêm ing jro maksih wêtah | kapêdhak magêrsari | samya wau pêrang | miwah ikang sêntana | wau Sang Dipati Pathi | pangamukira | kang raka dipun incih ||
40. nanging kukuh yudane para sêntana | mugèng ngarsa nrêpati | lawan wong kapêdhak | pan samya ambêk pêjah | tan arsa tilar ing gusti | wadya Santênan | pra mantri kathah mati ||
41. Sawunggaling angamuk kagila-gila | lawunge mobat-mabit | kinarubut i prang | dening wadya kapêdhak | singa katêrajang gusis | pan [pa...]
--- [f. 246v] ---
[...n] kinathahan | kudane sampun mati ||
42. Sawunggaling sampun anarik curiga | dharat pangamuknèki | kang katrajang bubar | Pangeran Purubaya | uninga yèn Sawunggaling | sigra umara | manahnya sada miring ||
43. dhuwungira Ki Panji sampun liniga | winêdalan ing kering | pan sampun apêrak | Pangeran Purubaya | akêbat dènnya nglarihi | saking ngiringan | Sawunggaling malêsi ||
44. panuduke asangêt bajur aniba | nulya dipun êbyuki | dening wong kapêdhak | pan sampun tinalenan | winayuyung Sawunggaling | Rajamênggala | nêrajang anulungi ||
45. sarwi ngêmbat lawung Ki Rajamênggala | pangeran angudani | sigra pinaranan | ya ta Rajamênggala | panumbake wanti-wanti | putung kang watang | pangeran anglarihi ||
46. jajanira anêratas ing walikat | Rajamênggala mati | wau Kya Dipatya | Pragola ika mulat | pugawane kathah mati | asru ngandika | hèh isun kari mati ||
47. kapêdhake kalawan wong kajinêman | pa[163] kathah ikang mati | wêtara kang gêsang | nênggih mung kawan dasa | punika tan kêna têbih | wadya Mataram | singa katrajang gusis ||
48. pangamuke adipati ing Santênan | lir Abimanyu milir | rinêbut ing yuda | dening sata Kurawa | binendrong ngarsa [ngar...]
--- [f. 247r] ---
[...sa] ing wuri | kering ing kanan | tan kandhêg mêksa ngukih ||
49. tan tinolih dening Dipati Bragola | nanging sri narapati | dèn suk pêrnahira | kapranggul ing sêntana | sang dipati mêksa ngukih | apan wus pêrak | lan pêrnahe nrêpati ||
50. Sri Nalendra anitih kapal bêndana | Wagugan wastanèki | cêmêng ulêsira | lurah gamêl tur sêmbah | dhuh gusti panduka salin | kapal bêndana | pun Wagugan puniki ||
51. ujukipun wanti-wanti tan pinirsa | kapisan kaping kalih | kaping tiga ping êpat |[164] kanjêng sultan ngandika | mênênga gamêl sirèki | pan dudu jaran | kang gawe lara pati ||
52. Kanjêng Sultan Ngalaga mundhut Ki Bicak | dipun asta pribadi | pinungkul[165] tan munya | kagyat tyasing nalendra | nungkêmi kêpuh sang aji | panêdhaning Yyang | nêgês karsaning Widi ||
53. muga-muga tinulunga ing Yang Sukma | lananga ikang jurit | Alah Kang Mahmulya | mugi sun jinurunga | mring kang murwèng bumi langit | kawula nêdha | Alah Kang Maha Sukci ||
54. sawungune Kanjêng Sultan Ingalaga | nulya pinungkul malih | Ki Bicak angakang | lir munya anèng wiyat | kagyat wadya ing Matawis | ikang lumajar | samya abali malih ||
55. sampun pêrak pangamuke sang dipatya [di...]
--- [f. 247v] ---
[...patya] | wadya kang anèng ngarsi | asurak gumêrah | lah payo iki prapta | kapêdhak tuwa sru angling | alah ta iwang | mati bubukên iki ||
56. Nayadarma kapêdhak gawa ampilan | agême sri bupati | wasta Ki Baru ika |[166] binêkta Nayadêrma | Ki Nayadêrma tur pamit | Sultan Ngalaga | ngandika marang dasih ||
57. alah iya lamun wani Nayadêrma | tumbakku Barukuping | iku tamakêna | marang yayi Bragola | kêkèjèk Nayadêrmèki | wadya kapêdhak | samya rêbut ing jurit ||
58. Adipati Bragola kinandhang-kandhang | anèng ngarsa nrêpati | sigra anêrajang | wus pêrak lan sang nata | wadya kapêdhak nadhahi | binendrong ika | dipati mêksa ngukih ||
59. kinarubut kudanira sampun pêjah | malompat sang dipati | ngamuk lan curiga | sigra Ki Nayadêrma | pêrnahe sada kapering | nulya anumbak | mring dipati ing Pathi ||
60. lambungira wau ikang kaprajaya | dhasar sayah kariyin | sang dipati niba | lajêng wau palastra | rinêbut ing wong Matawis | sakèhing wadya | sami ngaku matèni ||
61. sampun katur dhatêng Jêng Sultan Ngalaga | yèn dipati ngêmasi | nanging parêbatan | kang ngakên mêjahana | arinta sang adipati [a...]
--- [f. 248r] ---
[...dipati] | Sultan Ngalaga | mèsêm sajroning ati ||
62. Kajêng Sultan Ngalaga alon ngandika | Si Nayadêrma iki | padha pariksaa | tumbak sun Barukarna | pinariksa kuthah gêtih | Si Nayadêrma | ikang matèni yêkti ||
63. angandika Kajêng Sultan Ingalaga | bocah gandhèk dèn aglis | jisime prènèkna | têkaa ngarsaniwang | wong gandhèk sigra wotsari | nulya lumajar | amundhut ikang jisim ||
64. Mangunjaya sarêng gustine palastra | ngrêbut datan kuwawi | anulya lumajar | mulih marang Santênan | ambêkta putraning gusti | kang kawarnaa | wau kang mundhut jisim ||
65. ing wong gandhèk kewuhan pabêktanira | arsa pinundhi-pundhi | satrune sang nata | arsa dipun sèrèda | iki sêntana nrêpati | dadya kèmêngan | ana wong tuwa siji ||
66. sigra mojar puniki karêpanira | sirahe dipun pundhi | suku sinèrèda | sadaya kapêthukan | sêksana dipun lampahi | suku dèn larak | sirahe dipundhi |[167]|
67. sri nalendra ningali kalakung suka | jisim prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | lah padha adêgêna | iku layone si adhi | wus jinaganan | ngandika sri bupati ||
68. tatabana apa gêgawane [gêgawa...]
--- [f. 248v] ---
[...ne] yuda | nulya dipun tatabi | apan tan bêbêkta | katur dhatêng sang nata | ngandika sri narapati | yayi dipatya | wus nora sêdya mulih ||
69. lah wiyakên lathine yayi Bragola | rêgêd utawa bêrsih | sigra pinariksa | katur rêgêd kang waja | angandika sri bupati | tan kobêr baya | asusur ta si adhi ||
70. gugup têmên si adhi maju ing rana | tan gawa jimat pripih | sura têmên baya | waja rêgêd tan ketang | kawarnaa Sawunggaling | maksih bêbandan | Endranata ningali ||
71. Endranata ngiwi-iwi sarwi ngucap | dening si nora luwih | Sawung gathèl sira | make kongsi binănda | budia isun taboki | lakung runtiknya | Sawunggaling sru angling ||
72. nora isin abdi dalêm Endranata | mau malik kulambi | arêp isun tumbak | mamor pakathik sira | èstu wong dêlap aurip | eman sang nata | maring tugak[168] sami |[169]|
73. eman têmên aligih lampit si edan | jêrih awêdi mati | dêlape nèng donya | Endranata awirang | amundur ligih ing wuri | sarwi angucap | ngadhêp wong kêna sarik ||
74. sampun katur yèn Sangwunggaling[170] kabêsta | nulya kinèn mêjahi | sampun pinêjahan | Sawunggaling [Sa...]
--- [f. 249r] ---
[...wunggaling] karênan | upama awèta urip | wirang nèng donya | warnanên sri bupati ||
75. angandika sang nata mring Alap-alap | sira miyanga aglis | lan Si Jagabaya | Si Panular milua | kalawan Si Wirapati | para dipatya | padha uruna mantri ||
76. bêboyonga maring nagara Santênan | padha dèn ngati-ati | yèn ana kang băngga | mantri kang tugu pura | sirnakêna ja na kari | jroning kadhatyan | wong dalêm ayya kari ||
77. sarupane sajro kutha ing Santênan | miwah bojon prayayi | lah sira tandhua | aja na kang adharat | lan sira gawaa joli | bok ipe benjang | sira tugangna joli ||
78. atur sêmbah sang duta katri sêksana | nulya bubar tumuli | sigêgên sang nata | wau kang kawuwusa | kang arsa atur upêksi | dhatêng Santênan | lajêng mring dalêm puri ||
79. sapraptane Mangunjaya tur uninga | mring garwa sang dipati | yèn kang raka seda | tumpês sawadyanira | kagyat kang garwa samya jrit | wong dalêm pura | gumuruh samya nangis ||
80. para garwa sadaya agêgulungan | sêsambate mlasasih | ana sambat bapa | wanèh
--- [f. 249v] ---
sambat kang raka | dhuh pundi basane asih | dhatêng kawula | dene atilar kami ||
81. dhuh pangeran tega têmên tilar garwa | têka ngêmasi dhingin | dhuh kangmas dipatya | abdine dèn bêktaa | nora bisa têmên kari | kangmas dipatya | gawanên mati mami ||
82. kapanggiha ing benjang ari kiyamat | tulusa dika asih | dhatêng ing kawula | nêngêna jroning pura | wau kang gumêrah nangis | kang kawuwusa | gêgamaning Matawis ||
83. sampun prapta malêbêt sajroning kitha | anèng pasar abaris | wau kawarnaa | kang tinanggênah têngga | mantri papat kang sinêlir | sêdya abela | sadaya nêdya mati ||
84. mantri papat prasamya anêdya bela | mring gusti sang dipati | pun Răngga Prameya | lawan Răngga Jaladra | katiga pun Suratèki | lan Pangalasan | samya trahing prajurit ||
85. sampun sami mantri sakawan prayitna | warnanên kang lagya prapti |[171] gêgaman Mataram | para mantri wus wikan | yèn wong Pathi bela gusti | surak gumêrah | ngalun-alun wus prapti ||
86. wong ing Pathi cacahipun winatara | kalih atus kawarni | anêmbang têngara | wau Răngga Prameya | sarêng campuhing ajurit | angamuk [anga...]
--- [f. 250r] ---
[...muk] rampak | sadaya ambêk pati ||
87. kinarutug ing bêdhil wadya Santênan | nanging tan arsa gisir | wus kathah kang pêjah | dipun êdrèl kewala | tan ana kang sêdya urip | nêdya gêmpuran | wong Mataram tan gisir ||
88. pangamuke wong Pathi kagila-gila | wong Mataram nadhahi | wadya ing Santênan | nanging karoban lawan | mantri sakawan ngawaki | nulya nêrajang | kotbuta tandangnèki ||
89. mapan sura wadya Mataram apanggah | angêpung anginêbi | Ki Răngga Prameya | angamuk lan Ki Arya | singa katarajang gusis | Ki Alap-alap | kudane dèn camêthi ||
90. wus atêmpuh yuda lan Răngga Prameya | rame ukih-ingukih | Ki Răngga Prameya | asru panumbakira | Ki Alap-alap atangkis | watange kontal | sigra dipun larihi ||
91. sira Răngga Prameya malês agêbang[172] | putung watange rèki | pan asru anumbak | kêna jajane bêncah | ludiranya adrês mijil | Răngga Prameya | mundur amêdagangi ||
92. sira Răngga Jaladra pangamukira | kalakung ngobat-abit | Ki Arya Panular | sigra nulya nêrajang | wus ayun-ayunan [a...]
--- [f. 250v] ---
[...yun-ayunan] jurit | tumbak-tinumbak | samya sudirèng kalih ||
93. Arya Panular numbak Ki Răngga Jaladra |[173] anangkis datan palih | nanging kadharadhag | kêna gulu iringnya | wêtara pasah sanyari | Răngga Jaladra | mundur amêmêkasi ||
94. Surataka angamuk lir saradula | sigra Ki Wirapati | anyandhak talêmpak | nulya wau nêrajang | anumbak nora ngudhili | mudhun sing kuda | samya dharat kang jurit ||
95. Wirapati anyêdhal[174] Ki Surataka | sinuduk pan kuwalik | Surataka niba | wadhukira wus dhongkah | galadrahan nèng lêmah | sinuduk tinitir-titir | mundur kêkaprot |[175] tan kongsi jaluk warih ||[176]
96. Pangalasan kêna pêpilinganira | mundur pan ora eling | Pangalasan niba | anèng têngahing lawang | sêsèndhèn pipining kori | lajêng palastra | nanging ta maksih ligih ||
97. sira Răngga Prameya ing patinira | kandhaga dèn liyangi | Sang Răngga Pramada | mati ngurêbi lawang | Mangunjaya aningali | prajurit têlas | lumajêng mring jro puri ||
98. sapraptane Mangunjaya jroning pura | gumêdêr punang tangis | wau Mangunjaya | ngulari Radèn Putra | sêmana sampun kapanggih | binêkta
--- [f. 251r] ---
mêdal | saking sajroning puri ||
99. Mangunjaya mêdal dhatêng wêwikingan | sêdya angusi wukir | ing Gunung Prawata | ênêngêna sêmana | gumêrah syaraning tangis | wadya Mataram | samya lumêbêt puri ||
100. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | sampun gènnya nitèni | sagung rajabrana | miwah wong dalêmira | Ki Alap-alap marani | marang sang rêtna | sa dyah tangisnya manis ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.223. (kembali) |
2 | mêjên. (kembali) |
3 | ajak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.224, Pupuh 41.16.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.18.2). (kembali) |
4 | Jasupănta. (kembali) |
5 | dipangganya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.224, Pupuh 41.20.4). (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kalih pisan anèng luhuring èsthi (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.24.2). (kembali) |
7 | Bandingkan: rinantenan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.24.6). (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: datan pêgat kodanan. Bandingkan: rina wêngi kudanan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.28.4). (kembali) |
9 | Tanggal: pandhita ginuna ing prang (S [1]537). Tahun Masehi: 1615–6. Bandingkan: pandhita ginunêm ing prang (AJ [1]587) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.32.1). (kembali) |
10 | Tanggal: ula ngêndhêk margèng bumi (S 1538). Tahun Masehi: 1616–7. Watak bilangan kata "ngêndhêk" dalam sangkala ini kurang jelas. Lihat juga: ula ngêndhog margèng jagat (S 1538) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 60.2.2). Bandingkan: ula gêdhe margèng bumi (AJ 1588) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.36.7). (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: para mantri kang padha andon jurit (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.38.2). (kembali) |
12 | towongna (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.39.3). (kembali) |
13 | dumarojog (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.226, Pupuh 41.42.3); dumrojog (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.43.3). (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: padha kèhe wong wetan pothar-pathir (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.49.2); padha kèhe ingsun datan ngudhili (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.18.2). (kembali) |
15 | kapêntut-pêntut (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.227, Pupuh 41.48.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.49.5; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 34.18.5). (kembali) |
16 | enjoha. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Pasuruhan ing wau (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.228, Pupuh 41.54.3). (kembali) |
18 | sêdya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.228, Pupuh 41.54.7). (kembali) |
19 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn gustine nyandêr ngulon sarimbit (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.54.2). (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: nèng jêjurang ênggènnya umpêtan wau. Bandingkan: anèng jurang andhap papane alindhuk (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.57.5). (kembali) |
21 | Lebih satu suku kata: lan Suradahana sisihing rèki. Bandingkan: lan Ki Suradahana wong kêkalih (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.58.2). (kembali) |
22 | incêng-incêng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.228, Pupuh 41.59.7). (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: Suradahana alon dènira muwus. (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: beta sukak kita rang pukul nêgri. (kembali) |
25 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ujar sira wong lanang wêdi mati (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.62.2). (kembali) |
26 | Kurang satu suku kata: dhêndhaning Hyang ing mangke liya tinêmu. Bandingkan: dhêndhaning Hyang Kapulungan mring sirèku (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.63.5). (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: nulya Suradahna sigra nauri. (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: hèh Dahana têka kaya wong baring (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 6.67.2). (kembali) |
29 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.230. (kembali) |
30 | sumlêngêrên (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 7.3.2). (kembali) |
31 | Lebih dua suku kata: Jasupănta punika kang ngadhang margi. (kembali) |
32 | Tanggal: trusthèng têlu sabarat wong (S 1539). Tahun Masehi: 1617–8. (kembali) |
33 | sigra (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.231, Pupuh 42.15.1). (kembali) |
34 | Bandingkan: Dumba (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 7.16.7). (kembali) |
35 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Tambakbaya kudanira (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 7.18.8). (kembali) |
36 | onclang (dan di tempat lain). Bandingkan: unclang (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 7.20.7). (kembali) |
37 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.233. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pinaringkên Ki Mandura (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 8.1.6). (kembali) |
39 | Sumêdhang (dan di tempat lain) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 8.2.6). (kembali) |
40 | Rangga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.234, Pupuh 43.12.2). (kembali) |
41 | Lebih satu suku kata: lan Lendrakundha Brama Numbakputih. (kembali) |
42 | Ponthang (dan di tempat lain). (kembali) |
43 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
44 | Lebih satu suku kata: pun Dalbanas Dalpangrajap. (kembali) |
45 | trah. (kembali) |
46 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.235. (kembali) |
47 | Sumêdhang (dan di tempat lain) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 9.1.3). (kembali) |
48 | Sumêdhang (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 9.8.5). (kembali) |
49 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lan Pangeran Pringgalaya lan Juminah (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 9.31.1). (kembali) |
50 | Kurang satu suku kata: Pangeran Têpasănta. Bandingkan: Pangeran Têpasana (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 9.31.4). (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata: gêbyar tibèng jaja. Bandingkan: gumuyu jro nala (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 9.33.3) (kembali) |
52 | pêpêdhotan. Bandingkan: pêdhotaning (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 9.33.7). (kembali) |
53 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.237. (kembali) |
54 | binagi (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: binage (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 10.22.2). (kembali) |
55 | bantya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.239, Pupuh 45.24.7). (kembali) |
56 | Bandingkan: Măndhalikane (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 10.27.3). (kembali) |
57 | sagung (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 10.28.5). (kembali) |
58 | Bandingkan: wingi (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 10.30.1). (kembali) |
59 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.241. (kembali) |
60 | Kurang satu gatra: gatra ke-6 (5a). Bandingkan gatra ke-6 dan ke-7: mriyêm bêrkatan | kang aran Sidamurti (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 101.9.6–7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 11.9.6–7). (kembali) |
61 | ngadhangkrang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.241, Pupuh 46.11.4). (kembali) |
62 | kongkal (dan di tempat lain). (kembali) |
63 | kongsi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.242, Pupuh 46.14.3). (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: wong Kêdhu lwih dhugal. Bandingkan: iya dadi apa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 11.13.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 101.13.3). (kembali) |
65 | minggat (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.242, Pupuh 46.22.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 11.18.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 101.18.7). (kembali) |
66 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: gumêrah jroning puri (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 101.21.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 11.21.2). (kembali) |
67 | anglêboni (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 11.21.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 101.21.7). (kembali) |
68 | ngunjukkên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.243, Pupuh 46.30.7). (kembali) |
69 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.244. (kembali) |
70 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Dêmang Suradêksana (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 102.13.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 12.13.5). (kembali) |
71 | Singajaya (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 12.13.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 102.13.7). (kembali) |
72 | Bandingkan: nagari Pajajarane (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 12.15.3); nêgari Pajajarane Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 102.15.3). (kembali) |
73 | puluh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.245, Pupuh 47.20.6). (kembali) |
74 | konthing. (kembali) |
75 | Kodhokngorèk (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.246, Pupuh 47.26.4). (kembali) |
76 | sarunèn. (kembali) |
77 | Bandingkan: anuli mundhut parau (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 12.28.6); anulya mundhut pêrau (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 102.28.6). (kembali) |
78 | Lebih satu suku kata: bupati măncanagri ku. (kembali) |
79 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.247. (kembali) |
80 | anjagani (dan di tempat lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 75.11.5). (kembali) |
81 | minggirakên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.248, Pupuh 48.16.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 37.19.1). (kembali) |
82 | Kurang dua suku kata: Bandingkan: prajurit ngati-ati (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 37.19.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 75.16.5); sêdaya ngati-ati (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 103.17.5); sami angati-ati (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 13.16.5). (kembali) |
83 | ambêdhili (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.249, Pupuh 48.22.2). (kembali) |
84 | polahing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.249, Pupuh 48.24.9). (kembali) |
85 | Bandingkan: gumrah-gumrah lir ruging agraning arga (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 103.25.9); kumarutug lir pawata [parwata] guwang sela (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 13.24.9). (kembali) |
86 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.250. (kembali) |
87 | songsong (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 104.2.5). Bandingkan: payung (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 14.4.5). (kembali) |
88 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: pan kasaput ing dalu sapih kang yuda (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 104.11.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 14.13.1). (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata: Pangran Silarong sampun prapta Mataram. Bandingkan: gêgancangan lampahe praptèng Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 64.12.1); gêgancangan lampahe praptèng Mêntaram (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 104.26.1); gêgancangan lampahe prapta Mataram (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 14.28.1). (kembali) |
90 | anggêr (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.252, Pupuh 49.33.6). (kembali) |
91 | sêga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.252, Pupuh 49.34.1). (kembali) |
92 | Bandingkan: Kyai Juru angliwêt ing kêndhilira (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 14.42.1). (kembali) |
93 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.254. (kembali) |
94 | Aribanggi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.254, Pupuh 50.2.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 105.14.1). (kembali) |
95 | Bandingkan: utuh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.254, Pupuh 50.2.4); wutuh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 105.14.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.2.4). (kembali) |
96 | adundum (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.254, Pupuh 50.2.8). (kembali) |
97 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nèng Jurangjro iku (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.6.7); nèng Jurangjro ngriku (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 105.18.7). (kembali) |
98 | jagade (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.254, Pupuh 50.7.1). (kembali) |
99 | Tanggal: obah kapati jagatde [jagate] (1[5]46). Tahun Masehi: 1624–5. Bandingkan: obah kapati kang jagat (S 1546) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 64.12.1, watak bilangan kata "kang" dianggap lima (5) sesuai dengan urutan dan konteksnya); obahing rat pan tataning janmi (S 1546) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 105.19.1) Tahun Masehi: 1624–5. Bandingkan juga: ubah ing patrap tataning jalmi (AJ 1556) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.7.1). (kembali) |
100 | sinangkrahan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.255, Pupuh 50.14.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 105.26.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 77.3.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.3.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.14.6). (kembali) |
101 | enjuha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.6.4). (kembali) |
102 | nungkul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.256, Pupuh 50.18.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.7.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.18.3). (kembali) |
103 | Kurang satu suku kata: sigra mangkat Radèn Mas Apêkik. Bandingkan: sigra bubar sira Ki Mas Pêkik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.12.1); sigra budhal Rahadyan Mas Pêkik (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 39.12.1); sigra mangkat wau sang dipati (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.23.1). (kembali) |
104 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: prapta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.256, Pupuh 50.24.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.13.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.24.2; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 39.13.2). (kembali) |
105 | aglis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.257, Pupuh 50.28.8; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.28.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.17.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 77.17.8). (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata: mantri kêkalih marang ing Surabanggi. Bandingkan: wus utusan Ki Mangunonêng tumuli (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.17.9); Mangunonêng utusan mantri kêkalih (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.28.9); wus utusan Mangunonêng duta mantri (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 39.17.9). (kembali) |
107 | Surabanggi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.257, Pupuh 50.31.1). (kembali) |
108 | sakathahing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.257, Pupuh 50.32.1). (kembali) |
109 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: asêseban sakathahing mantri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.21.1); nuju sineba kang para mantri (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.32.1); gya klêmpakan sagunging dipati (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 39.21.1); asêseban sakèhing dipati (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 77.21.1). (kembali) |
110 | konjuka (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.257, Pupuh 50.34.10). (kembali) |
111 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: umah ajaban kitha (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 15.37.6); omaha jaban kutha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 65.26.6); omahna jaban kutha (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 39.29.6). (kembali) |
112 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.259. (kembali) |
113 | anjajari (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.259, Pupuh 51.2.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 66.5.1). (kembali) |
114 | Lebih satu suku kata. Bandingkan gatra ke-3 dan ke-4: Pangeran Ariya | Widamanggala seba (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 66.9.3–4); Jêng Pangeran Arya | Wiramênggala seba (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 107.5.3–4; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 40.3.3–4); ywa Pangeran Arya | Wiramênggala seba (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 16.5.3–4). (kembali) |
115 | Patrabăngsèki. Bandingkan: Patrabăngsa ris (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 16.11.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 107.11.5). (kembali) |
116 | Lebih dua suku kata: Pangran Crêbon ing wau sampun aseba. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kulon Balambangan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 107.17.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 16.17.3). (kembali) |
118 | Pajangkungan (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 107.20.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 16.20.5; Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.386, Pupuh 82.14.6). (kembali) |
119 | awun-awun (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 16.31.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 66.37.7). (kembali) |
120 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lir awun-awun agni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 66.37.7); lir awun-awun gêni (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 16.31.7). (kembali) |
121 | ngêbêki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 66.38.5). (kembali) |
122 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: riya kulonan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 16.36.6). (kembali) |
123 | Kurang satu suku kata: Dêmang Gêlap Ngampar lan Cakrajagtika. (kembali) |
124 | Lebih satu suku kata: jaluk sukanira. (kembali) |
125 | dudu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.262, Pupuh 51.52.7). (kembali) |
126 | mungkur (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.263, Pupuh 51.53.7). (kembali) |
127 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.264. (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata: sampun liyan gusti kang darbe dasih. (kembali) |
129 | gunung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.265, Pupuh 52.16.5). (kembali) |
130 | kalih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.265, Pupuh 52.18.5). (kembali) |
131 | Lebih satu suku kata: lah wis bapa mênênga. (kembali) |
132 | Lebih satu suku kata: Mangunjaya wong tuwa rika ajrih. (kembali) |
133 | Lebih satu suku kata: dadya matur kang pra garwa ngabêkti. (kembali) |
134 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.267. (kembali) |
135 | Kurang satu suku kata: angandika jêng sang adipati. (kembali) |
136 | kobong (dan di tempat lain). (kembali) |
137 | binlongsong. (kembali) |
138 | sarambut. (kembali) |
139 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.269. (kembali) |
140 | Lebih satu suku kata: asri tinon busananing prajurit. (kembali) |
141 | dondoman (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.269, Pupuh 54.4.7). (kembali) |
142 | anggarêbêg (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.267, Pupuh 54.7.5). (kembali) |
143 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: Dipati Pathi kocapa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.270, Pupuh 54.14.6). (kembali) |
144 | kêkènjèr. (kembali) |
145 | dimone (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.270, Pupuh 54.19.3). (kembali) |
146 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.272. (kembali) |
147 | asauran (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.3.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.3.1). (kembali) |
148 | anglimputi (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.3.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.3.5). (kembali) |
149 | Endranata (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.272, Pupuh 55.5.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.6.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.6.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 112.12.1). (kembali) |
150 | Pathi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.272, Pupuh 55.8.2). (kembali) |
151 | kumaroyok (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.272, Pupuh 55.9.4). (kembali) |
152 | panggah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.273, Pupuh 55.15.3). (kembali) |
153 | anjêplak (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.16.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.16.1). (kembali) |
154 | burangkangan (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.273, Pupuh 55.19.3). (kembali) |
155 | nongklang. (kembali) |
156 | nantang. Bandingkan: tantang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.273, Pupuh 55.20.7). (kembali) |
157 | Lebih satu suku kata. Bandingkan gatra ke-3 dan gatra ke-4: atumbak-tinumbak | Kartajaya kabranan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.21.3–4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.21.3–4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 112.27.3–4). (kembali) |
158 | Lebih satu gatra: gatra ke-4 (7a). Bandingkan: ramening prang lir ombak anêmpuh parang | tuwin swaraning bêdhil | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | suraknya awanti-wanti | Sultan Santênan | sêdya alêbu gêni || (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 44.28.1–7); ramening prang lir ombaking nêmpuh marang | dening kang bêdhil muni | gong maguru găngsa | têtêg anglir butula | myang surak gumuruh atri | sira dipatya | pan sêdya lêbu gêni || (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.27.1–7); ramening prang lir ombak anêmpuh parang | de swarèng bêdhil muni | gong maguru găngsa | têtêg anglir butula | myang surak gumuruh atri | sira dipatya | wus sêdya labuh agni || (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.27.1–7). (kembali) |
159 | Bandingkan: Ki Tumênggung Singaranu wus kesisan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.28.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.28.1); Dyan Tumênggung Singaranu pan kesisan (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 44.29.1). (kembali) |
160 | anggigit (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.274, Pupuh 55.30.7). (kembali) |
161 | Kurang satu suku kata: anglir bajo angajawi. (kembali) |
162 | putung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.274, Pupuh 55.34.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.57.2). (kembali) |
163 | pan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.275, Pupuh 55.47.2). (kembali) |
164 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ping tiga kaping pat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.72.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 114.4.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.72.3). (kembali) |
165 | pinukul (dan di tempat lain). (kembali) |
166 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Kyai Barukarna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.74.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 114.6.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.74.3). (kembali) |
167 | Kurang satu suku kata: sirahe dipun pundhi. Bandingkan: sukune dipun irit (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.82.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 114.14.7); sukune dipun irid (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.82.7). (kembali) |
168 | tunggak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.89.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 114.21.7; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 46.30.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.89.7). (kembali) |
169 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: maringi tunggak sêmi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.89.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 114.21.7; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 46.30.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.89.7). (kembali) |
170 | Sawunggaling (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.277, Pupuh 55.74.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.91.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 114.23.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.91.1). (kembali) |
171 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: warnanên kang wus prapti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.105.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.105.2). (kembali) |
172 | anggêbang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.278, Pupuh 55.91.1). (kembali) |
173 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Panular anumbak Răngga Jaladra (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.113.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.113.1); Ki Panular anumbak Wira Jêladra (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 46.54.1). (kembali) |
174 | anyêndhal (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.278, Pupuh 55.95.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.115.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.115.1). (kembali) |
175 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
176 | Gatra ke-4 (7a) ada dua versi (dengan teks yang berbeda). Bandingkan: Wirapati anyêndhal mring Surantaka | dhinosok pan kawalik | Surantaka tiba | dhêdhangkak tibèng lêmah | ambanjur sinuduk titis | Ki Surantaka | mundur anuli mati || (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 70.115.1–7); Wirapati anyêndhal mring Surantaka | dhinosok pan kuwalik | Surantaka tiba | dhêdhangkak tibèng lêmah | anulya sinuduk aglis | Ki Surantaka | mundur anuli mati || (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 20.115.1–7). (kembali) |