Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 056–068)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 251r lanjutan] ---
56. Dhandhanggula
[Nagri Pathi bedhah, raja brana kaliyan para putri kaboyong dhateng Mataram. Pangéran Pekik saking Surabaya boyong dhateng Mataram.[1]]
1. sang juwita asru gènnya nangis | Alap-alap datan kêna pêrak | taksih atêbih pêrnahe | lan gènnya sang rêtna yu | kang parêkan pating jalêrit | nangis aniba-niba | kathah polahipun | sawanèh alali sinjang | gêgulungan kagungane tan dèn tolih | pijêr akulasaran ||
2. sinjangira ngurakud ing kuping | marga sutane adhahar lêmah | saprandene tan tinolèh | maksih eca agulung | lali purwa duksinanèki | warêg amangan lêmah | dadya dangu-dangu | babak bunyak gobrah-gobrah | wong Mataram munyuk-munyuk aningali | pan arsa jampènana ||
3. wontên inya kang tuwa satugil | angên-angên sajroning wardaya | apa baya wêkasane | agung sami amuwun | măngsa kandhêg gènnya anangis | isun [isu...]
--- [f. 251v] ---
[...n] măngsa wurunga | binayong Matarum | ni inya aris angucap | mring Tumênggung Jagabaya ing Matawis | lawan Ki Alap-alap ||
4. lah kiyai mangke kadipundi | rèh andika prakawis ratu mas | ing kadipundi pênêde | Alap-alap sumaur | lah ta nyai manira iki | măngsa boronga dika | manira anurut | marang ing rena andika | anauri kula mêksa apan ajrih | dhatêng gusti jêng sultan ||
5. ni bok inya wuwuse amanis | lah kiyai joli pakanira | linêbêtêna dèn age | mangke kawula matur | bilih gigrig sang rajaputri | manawi kêni lêjar | dening atur isun | sigra bok inya lumampah | sampun prapta ing ngarsane sang aputri | rada kaparèng ngarsa ||
6. solahira apan ngalap pati | ni bok inya dhepok[2] anèng lêmah | amlasasih ing ature | dhuh nyawa gustinisun | kula turi kèndêl kariyin | agèr paran kang wêkas | tansah agung wuyung | dawêg gusti linampahan | wus wiyahe wong lanang mati ajurit | wong wadon dadi tawan ||
7. sang aputri kèndêl dènnya nangis | lara-lara gènira karuna | wong dalêm anangis kabèh | inya tan kandhêg matur | sênggruk-sênggruk dènnya anangis | dhuh gustiku ratu mas | mindêla karuwun | luhung maraa piyambak | sampun kantos ginêpok [ginêpo...]
--- [f. 252r] ---
[...k] tiyang Matawis | agèr dados punapa ||
8. ni bok inya asru anayuti | lah mênênga wong dalêm sadaya | aja angrundah galihe | kanjêng gusti gya liwung | têka padha ajurung tangis | balikan payo dadan | olang-olang sangu | lah sira măngsa wurunga | dipun bayong marang prayayi Matawis | lah payo padha dadan ||
9. sang juwita manahe wus gigrig | pan lagya misak-misak kewala | pun inya tumulya age | pinondhong sang dyah ayu | nulya ngigahakên tumuli | sang dyah maring jêmpana | sêlir mugèng tandhu | wong dalêm sadayanira | cinawisan tandhu nulya samya nitih | sawanèh jaran tundhan ||
10. sakathahe rabining prayayi | sampun samya anitih sadaya | sigra budhal tan asuwe | sadaya nangis umyung | lare alit samya anangis | ana anjaluk sêga | wanèh jaluk banyu | ana anjaluk dodolan | ana kathah boyongan saking ing Pathi | lir pendahing wong ngarak ||
11. tandhu joli dinulu pan asri | jajarane abra tiningalan | mamas binang ing ngarsane | lakung pangraksanipun | magêrsari para prajurit | kocapa sri nalendra | bubar barisipun | sampun prapta ing Mataram | kajêng sultan agêganjar para mantri | miwah para
--- [f. 252v] ---
sêntana ||
12. duk bêdhahe nêgara ing Pathi | sinêngkalan sirnaning pandhawa | tinata ratu babade |[3] sêmana sang aprabu | sapraptane kang rayi Pathi | lajêng tumamèng pura | cundhuk lan sang prabu | pramèsyarane sang nata | sarêng anjrit rinangkul kang rayi Pathi | asru gènnya karuna ||
13. nulya ngandika sri narapati | amariksa mring kang rayi ika | sang dyah ayu ing Pathine | purwa lakine iku | pambalike wani mring kami | ngayoni mring wong tuwa | sang dyah nêmbah matur | abdi dalêm Endranata | kang ngabêni mila arinta ambalik | lakung duka sang nata ||
14. duk sêmana ya ta sang nrêpati | nulya miyos sinawakèng[4] wadya | kandhêg ing sitigil bae | sang nata mawi bêndu | Martalulut dipun timbali | lawan Singanêgara | ing sapraptanipun | angandika sri narendra | sudukana Si Endranata dèn mati | ana ing pagêlaran ||
15. wadyabala sadaya pan ajrih | aningali dukane sang nata | prasamya konjêm mukane | Endranata wus lampus | pan binêdhèl ususe rèki | pan kinarya balabar | anèng alun-alun | sri nalendra sampun jêngkar | angadhaton sagunge wadya Matawis | kang mati wus ginêntyan ||
16. sakathahe mantri ing Matawis | ikang mati [ma...]
--- [f. 253r] ---
[...ti] anèng ing Santênan | samya ginêntosan kabèh | mring atmajane wau | ikang darbe suta puniki | ikang tan darbe suta | sanake pinaguh | lakung adil sri nalendra | lami-lami sang nata miyos tinangkil | pêpêk kang wadyabala ||
17. sri nalendra angandika aris | nênggih wau marang ikang uwa | Pangeran Purubayane | ikang dinukèng sêmu | marang wau sri narapati | Kajêng Sultan Ngalaga | lingnya manis arum | lah ta uwa Purubaya | kadipundi prakawis ing Surawèsthi | yèn mangke wus pralina ||
18. paman Surapriga sampun lalis | amung kantun uwa putranira | igih Dèn Mas Pêkik wastane |[5] puniku yèn arêmbug | sun timbali dhatêng Matawis | isun pan arsa wikan | Panêmbahan matur | punapa karsa panduka | ikang abdi umiring karsaning gusti | suwawi tinimbalan ||
19. Alap-alap nênggih kang tinuding | sigra mêsat tan kawarnèng marga | sampun prapta ing Pangrapèh | punika ênggènipun | pan kapanggih Radèn Mas Pêkik | dhawuh ikang timbalan | manira ingutus | pêkênira ingandikan | dhatêng raka jêngandika ing Matawis | sultan arsa panggiha ||
20. saha garwa rayat sampun kari | miwah malih
--- [f. 253v] ---
sakulawarganya | dikakakên bêkta kabèh | sampun wontên kang kantun | tur sandika Radèn Mas Pêkik | agupuh gènnya dadan | kulawarganipun | Ki Alap-alap putusan | mring Tumênggung Sapanjang pan nulya prapti | samya kinèn adadan ||
21. pan ngiringa Radèn Êmas Pêkik | dèn karêksa dhahare nèng marga | Sapanjang sandika ture | nulya bubar sadarum | Alap-alap lan Dèn Mas Pêkik | dadya wong Surabaya | rumêksa ing pukur | tan kawarna lampahira | sampun prapta ing Butuh Radèn Mas Pêkik | lajêng ngujung astana ||
22. lajêng sare ngastana sawêngi | radèn mas sare anèng ing dagan | wayah ing têngah dalune | ana syara karungu | ngemutakên Radèn Mas Pêkik | hèh Ki Mas Surabaya | wruhanira besuk | bumi Pajang ana nata | putunira besuk kang dadya nrêpati | nagrine Kartasura ||
23. apêparab Sunan Mangkurat Di | iya iku ki mas putunira | sakulon Pajang purane | kagyat nulya awungu | wus raina rahadèn angling | mring kang tugu astana | hèh sira angrungu | ing syara tan katingalan | panjangkane pun kunci matur wotsari | amba dèrèng uninga ||
24. lah karia [kari...]
--- [f. 254r] ---
[...a] kyai juru kunci | isun laju dhatêng ing Mataram | nulya budhal sabalane | tan kawarna ing ênu | ki tumênggung sampun kariyin | karsa atur uninga | maring sang aprabu | yèn ari ing Surabaya | sampun prapta karsa sowan mring sang aji | lampahipun wus prapta ||
25. sampun katur dhatêng sri bupati | sri nalendra miyos sinewaka | pêpak kang wadyabalane | tanapi kang sinêpuh | mugèng ngarsa sami tinari | jêng sultan angandika | mring kang sêpuh-sêpuh | alah uwa Purubaya | kadipundi yèn mangke Radèn Mas Pêkik | yèn prapta ngarsaniwang ||
26. sapa sitên kang yogya ngabêkti | lamun prapta punapa manira | ngabêktia sapatute | punapa uwa isun | ikang patut dèn ngabêktèni | sami dika pikira | ing sapênêdipun | Pangran Purbaya turira | mênggah kula igih Rahadèn Mas Pêkik | prayogi ngabêktia ||
27. apan sampun kukulan nrêpati | botên watên jalma kang atuwa | sampun kawon kawêruhe | ing mangke yêktosipun | tinimbalan prapta mariki | tan kawasa lênggana | milane sang prabu | layak punika nêmbaha | sri nalendra mèsêm katuju ing galih | lêrês uwa andika ||
--- [f. 254v] ---
28. angandika wau sri bupati | bocah gandhèk lah sira egalna | Rahadèn Pêkik lampahe | wong gandhèk awotsantun | tan asuwe anulya prapti | sigra Ki Alap-alap | lampahe lumaju | ing alun-alun wus prapta | sigra pepe wau nèng ngisor waringin | kurung ya mangrêpa |[6]|
29. sarayate Radèn Êmas Pêkik | pan binêkta apepe sadaya | sampun katur ing sang katong | nulya ngandikan maju | sapraptane ngarsa nrêpati | pangran ing Surapriga | umarak tumukul | dhuwung sumèlèh ing lêmah | sakalakung ajrihe dhatêng sang aji | muka konjêm pratala ||
30. dhasar sangêt ajrihe nrêpati | pan kalakung sihira narendra | tan tumênga ing mukane | lir surya kêmbar iku | cahyanira Sultan Matawis | lan Pangran Surabaya | kang andulu mangu | pangeran ing Surapriga | sigra matur dhatêng sultan ing Matawis | pêjah gêsang kawula ||
31. igih sumăngga karsa nrêpati | mila ămba tan sowan mring tuwan | tan mantra wêdos gatine | sadya salèb ing kayun | gènnya tuwuk boga pangasih | mudha dimundha dama | tan mantra ing sêmu | myang panduka naradipa | dènnya sêkti sineba i wong rat Jawi | tan watên malang karsa ||
32. lir katurunan [katuruna...]
--- [f. 255r] ---
[...n] Leatulkandri | kadhawuhan pangandika sultan | animbali gêgabale[7] | lir malekat tumurun | dhatêng mahluk majar sajati | padhange tyas kawula | miyarsa pukulun | lah andika sri nalendra | dènnya manis mila amba lakung gipih | umarêk karsa nata ||
33. kanjêng sultan suka jroning galih | amiyarsa ature dipatya | ing Surabaya sumèlèh | jêng sultan ngandika rum | hèh adhi mas ing Surawèsthi | marma para sun undang | panggiha lan isun | wus pinasthi karsaning Yyang | patêmone lir surya kalawan sasi | sêdhênge sasandara[8] ||
34. wus raina sang surya wus mijil | sapandulon adhi lawan căndra | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pasthi jagat suwung | upamane isun surya | adhi Pêkik upamane para sasi | pasthi timbangan iwang ||
35. tanah Jawa ing Mataram iki | lamun sira yayi nora nana | pasthi rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama têlaga | pancurane isun | pasthi sira nadhahana | banyu pênuh
--- [f. 255v] ---
têlaga yèn tan nadhahi | yakti puwara asat ||
36. upama rêtna adi Matawis | yayi Surabaya lir êmbanan | yèn tan ana sêsotyane | dadya êmbanan suwung | apan mirang ikang ningali | ucula ing êmbanan | sirna tan kadulu | sêsotya tanpa êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | arsa angêmbanana ||
37. lah ta para yayi Surawèsthi | awismaa anèng ing Mataram | taksiha kabupatène | nêgaranira iku | sun wèhakên ing sira malih | wadya ing Surabaya | ayya owah iku | kang ligih lampit kandhaga | apan iya para tumênggung dèn maksih | kaya duk ramanira ||
38. atur sêmbah Pangran Surawèsthi | sampun kondur sang nata ngadhatyan | datan winarna lamine | Pangran Surabayèku | gènnya dalêm anèng Matawis | pan sampun tinariman | kang rayi sang prabu | ikang nama Ratu Pandhan | aprasasat adarbe nêgari kalih | Mataram Surapriga ||
39. sampun lami gènira mor rêsmi | Pangran Pêkik lawan Ratu Pandhan | kang garwa lakung trêsnane | sultan anèng kadhatun | angandika marang ing cèthi | lah mara timbalana | babo arinisun | matura yèn isun gêrah | kinon marah lakine
--- [f. 256r] ---
kinèn nuturi | yèn tan lila ja miyang ||
40. sigra mintar punang cèthi prapti | ing dalême Pangran Surabaya | sampun prapta ing ngarsane | Pangran Surabayèku | punang cèthi umatur aris | pan kawula punika | gusti dipun utus | dhatêng raka jêngandika | kajêng sultan dikakakên animbali | dhatêng rayi panduka ||
41. kajêng sultan dawêg gêrah gusti | kang wêwêling raka jêngandika | lamun si awèh lakine | lumêbua kadhatun | dèn tijoa laraku iki | yèn lakine tan suka | utawa lumêbu | pangeran ing Surabaya | têbah jaja sumăngga ing asta kalih | tan kuwasa lênggana ||
42. sigra mangkat Ratu Pandhansari | sampun malêbêt sajro kadhatyan | sampun prapta ing prênahe | gènnya sare sang prabu | sigra ratu ing Pandhansari | ngabêkti mring kang raka | mangusapi lêbu | Ratu Pandhan atur sêmbah | mring kang raka punapa gêrah sang aji | manah amba kapita ||
43. kajêng sultan angandika aris | arinisun luwih dening lara | ana ing ati dununge | dening têka angranuh | ingong rasa rasaning ati | dening ana pandhita | tan arsa anungkul | ing Giri tan arsa seba | marang iwang iku kang dadi nglarani | tan kêna ingusada ||
44. tanah [ta...]
--- [f. 256v] ---
[...nah] Jawa isun kang ngrasiki | wus arata para ratu kalah | isun pêrangi kalahe | marma ing Giri iku | tan sun rasa nêgara Giri | isun kalahakên aprang |[9] dudu pasthinipun | wus pinasthi lakinira | prang pandhita kang mêsthi jayaning jurit | ngalahakên pandhita ||
45. sarupane pandhita tanah Jawi |[10] kalah dene ing lakinira |[11] wus kasoran lêluwure | sunan ing Giri iku | pan aguru marang sang yogi | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | ing tapa akèh yowana | tanah Jawa sadaya samya umiring | ngalahakên pandhita ||
46. sigra kondur Ratu Pandhansari | sampun prapta dalêm Surabayan | sampun apanggih kakunge | manêmbah ngaras suku | agarjita Jêng Pangran Pêkik | micarèng jroning nala | ing sapraptanipun | anêrka yèn ana karya | Jêng Pangeran Surabaya wruh ing wangsit | mênêng sêmu sasmita ||
47. pan sêmana wau sang aputri | Ratu Pandhansari sinarenan | sampun gènira karêsmèn | sang dyah alon umatur | gêrahira sri narapati | Pandhita Giripura | dumèh dèrèng nungkul | Jêng Pangeran Surabaya | manthuk-manthuk mèsêm sarya ngandika ris | sun sêngguh tan mêngkana ||
48. yèn wêruha kang karsa nrêpati |
--- [f. 257r] ---
amrih rusak ing Giri Pandhita | amrih idhêp ing ujude | wus kagêm astanisun | sampun anèng sêlan dariji | pandhita ing Prawata | ing sapasthinipun | wêtara măngsa mênanga | upamane lir mijêta wohing ranti | amêsthi lamun bêdhah[12] ||
49. Pangran Pêkik angandika aris | mring kang garwa lah payo aseba | mring kadhaton sun andhèrèk | matura mring sang prabu | lamun isun anuwun pamit | ambêdhah Giripura | atandhing prang pupuh | apan ing putra ing Cina | kang miranti nèng Giripura sinêkti | mila sun tandhing aprang ||
50. saksana sarêng malêbèng puri | Pangran Pêkik kalihan kang garwa | prapta kadhaton lampahe | kang rayi kinèn laju | Pangran Pêkik kantun nèng jawi | wus panggih lan kang raka | Ratu Pandhansantun | umatur dhatêng kang raka | sarya nêmbah rayi dalêm anèng jawi | sang nata angandika ||
51. marang cèthi egalna tumuli | yayi êmas cèthi awotsêkar | wus mêdal prapta ngarsane | Jêng Pangran Pêkik wau | ingandikan lajêng mring puri | praptèng ngarsa jêng sultan | sumungkêm ing suku | sang nata aris ngandika | hèh yayi mas apadhang ta ati mami | mung sira kang prayoga [prayo...]
--- [f. 257v] ---
[...ga] ||
52. atur sêmbah matur Pangran Pêkik | kamangkara nadyan awêwaha | sadasa giri agênge | botên gisir sarambut | anglampahi karya nrêpati | lêbura wor pratala | pan amba jumurung | pan kawula benjang enjang | lamun angsal pangèstu dalêm nêrpati | lumampah Giripura ||
53. sri nalendra gumujêng sarya ngling | karsanisun yayi garwanira | aja pisah lan dhèwèke | apan ta lila tèngsun | rabinira gawanên yayi | barênga lara pêjah | gêsang lan rinisun | pan wus têmahe wanodya | yèn wong lanang adhi tiwas ing ajurit | wong wadon dadi tawan ||
54. Pangran Pêkik matur awotsari | apan nuhun sih paduka nata | datan lênggana karsane | sêksana samya kondur | Pangran Pêkik lawan kang rayi | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | sang nata alon ngandika | lah ta rara aja gumisir ing pati | barênga lakinira ||
55. sinangonan wau Pangran Pêkik | arta kancana muwah sêlaka | tuwin busana di kaot | Ratu Mas Pandhansantun | pinatêdhan sotya rêtna di | miwah ikang busana | reyal gasal[13] èwu | jêng sultan nulya adonga[14] |
--- [f. 258r] ---
salamêta yayi mas gènira jurit | muga Alah jurungna ||
56. atur sêmbah wau Pangran Pêkik | apan mêdal lawan ikang garwa | sampun prapta ing dalême | pêpak sawadyanipun | alah payo bêndhea aglis | sigra nêmbang têngara | gêgaman wus kumpul | prajurit sampun siyaga | wus apêpak ing alun-alun abaris | dana asmarèng pêjah ||
57. Asmaradana
[Wadya Mataram dipunpandhégani radèn mas Pekik lumurug dhateng Giripura.[15]]
1. sigra bubar Pangran Pêkik | kalawan wau kang garwa | anitih joli garwane | kang raka anitih kuda | lumakyèng anèng wutat | ginarêbêg ing wadya gung | para mantri mugèng ngarsa ||
2. gumêrah syaraning jalmi | tandange lir singa lodra | samya tuwuk dadar lèlèr | kaya age katêmua | musuh ing Giripura | datan kawarna ing ênu | sampun prapta Giripura ||
3. nahan ta ikang winarni | Jêng Pangeran Surapriga | kocapa Giripurane | sang yogi ngaturan wikan | yèn arsa ingugahan | Pangran Surabaya rawuh | balane tanpa wilangan ||
4. angandika sang ayogi | yèn mêngkono ikang warta | yakti saolih-olihe | iya payo winêtonan | musuh ing Surabaya | iya [i...]
--- [f. 258v] ---
[...ya] kang dadi têtugul | putranisun Endrasena ||
5. Ki Endrasena ngabêkti | lami angarsa-arsa |[16] karya dalêm salamine | panduka dipun pracaya | dhumatêng ing kawula | sagêndhinge amba purun | mêngsah Pangran Surapriga ||
6. sigra atêngara aglis | amêpêk para sêntana | wadya Giri pêpêk kabèh | samêkta gêgamaning prang | marbot modin sadaya | santri sadaya akumpul | kadya kuntul arêratyan ||
7. para kêtib andhingini | paranakan lan sêntana | Endrasena têtindhihe | samya Cina manjing Islam | wadyanira akathah | winatara gasal atus | wus samya Islam sadaya ||
8. budhal gêgamaning Giri | apan sarwi atêngara | têtêg pinukul bêndhene | wus prapta madyaning rana | wadya ing Giri surak | sumêdya barênga ngamuk | saksana sarêng umangsah ||
9. surake telad wong ngratit[17] |[18] wong Surabaya umiyat | sigra atata gamane | wadya Cina samya tata | kabèh ngagêm sanjata | singa binêdhil tan luput | wong Surabaya kèh pêjah ||
10. sêdyanira ingêndhani | nulya wau kadhinginan | wong Giri angamuk kabèh | wong Surabaya [Suraba...]
--- [f. 259r] ---
[...ya] atadhah | arame gènnya aprang | syarane lir gunung rubuh | marbot modin ngamuk rampak ||
11. sadaya wadya ing Giri | tan watên dharatan ketang | apan sarêng pangamuke | sinasog ing gajur atap | binêdhil binrangkolang | tan kandhêg pangamukipun | wong Surabaya kèh pêjah ||
12. wadya Surapringga ngisis | winitara ikang pêjah | datanpa wilangan kèhe | pra mantrine asasaran | sikêp mawut sadaya | prajurit samya kaburu | pan lumayu sowang-sowang ||
13. wadya Giri samya mulih | dhumatêng ing Giripura | prajurit Suraprigane | apan sadaya wus seba | marang ing gustinira | sadaya sarêng umatur | ngujukakên pêjah gêsang ||
14. kawula tiwas ing kardi | abdi dalêm kathah pêjah | kang gêsang samya kataton | kaburu kaponthal-ponthal | igih wadya ing Cina | patitis pambêdhilipun | samya têguh-têguh aprang ||
15. Endrasena kang nindhihi | wadyane samya waspada | datan luput pambêdhile | mila abdi kathah pêjah | pangeran amiyarsa | ature ing wadyanipun | lakung susah galihira ||
16. ing manahe sêmu miris | angrasa nora [no...]
--- [f. 259v] ---
[...ra] kuwawa | tan nêdya pulih gêtihe | Ratu Pandhansari wikan | yèn ikang raka susah | pan aris pamuwusipun | umatur dhatêng kang raka ||
17. yèn mêkatên ikang jurit | kawula anuhun lila | amba tandangi yudane | kang raka gupuh ngandika | dhuh gustiku mas nyawa | kusuma ratuning ayu | kayaparan karsanira ||
18. dhuh mas mirah isun yayi | wadyanira akèh pêjah | kang garwa aris ature | sok ugi panduka lila | mênawi ta kawula | sagêd mulihakên purun | kang raka mèsêm ngandika ||
19. sakarsanira mas yayi | isun pan nora suwala | têka atut wuri bae | kawarnaa wus raina | Ratu Pandhan wus mêdal | pinarak têtarub agung | akalihan lan kang raka ||
20. sineba mring wadyanèki | Ratu Pandhan angandika | marang wadyabala kabèh | hèh mantri ing Surabaya | iki darbèk manira | reyal amung wolung èwu | dumên lan wong kasinoman ||
58. Sinom
[Wadya Mataram perang mengsah wadya Giripura.[19]]
1. sakathahe wadyanira | sampun ginanjar waradin | arta kalawan busana | sakathahe kang prajurit | sadaya sampun tampi | ganjarane ratu ayu | dinum kadya ranjapan | sagunge wadya waradin | sarupane [sarupa...]
--- [f. 260r] ---
[...ne] prajurit mantri lêlurah ||
2. Ratu Pandhan angandika | iya kabèh wadya mami | sakèhe ganjaran iwang | padha karyanên ngingoni | anak rabining rèki | ing besuk yèn sami mantuk | têkèng nêgaranira | pan isun anuli mulih | mring Mataram ngujukakên pêjah gêsang ||
3. wus karuhan pêrangira | kalamun datan ngudhili | sun matur mring kajêng sultan | yèn sampun kawon kang jurit | sang pandhita sinêkti | wadyèng Surapriga takut | mantri akathah pêjah | punapa dening wadya lit | pra pugawa umatur sarwi karuna ||
4. sadaya sarêng manêmbah | umatur sarwi anangis | dhuh gusti kamangkaranya | panduka agadhah kardi | tanpa ngraos kang abdi | kawula gusti anuwun | ing duka jêng ratu mas | yèn kinarya ikang abdi | nadyan rêmuk bandhêmêna musuh sura ||
5. prajurit matur sadaya | dhuh gusti ing benjing enjing | pêranga lan putra Cina | amba pan dèrèng udani | tètère tiyang ardi | gènnya prang gêgêdhènipun | kang wasta Endrasena | ikang wasis ngagêm bêdhil | gih kawula gusti arsa gandhèng kănca ||
6. prajurit kawratan dana | gumuruh angajak jurit | lah payo padha apêrang | mumpung lagi musuh wani | pasthi yèn sèwu sisih | raose
--- [f. 260v] ---
manah katèngsun | sawanèh ana ngucap | sun wani rongèwu sisih | kêmbulana răndha kalawan wulanjar ||
7. Ratu Pandhan angandika | yèn sira amagut jurit | pan isun arsa uninga | rakite wong pulang jurit | isun arsa udani | kathaning[20] wong aprang pupuh | dadya samya tur sêmbah | sampun panduka ningali | tanpa ngrasa prajurit pating brêngangang ||
8. angandika Ratu Pandhan | ujare lêluhur mami | prajurit kasub digdaya | ing Jawa tan ana tandhing | yèn eyang rama luwih | yêktine ayun ajaluk | tikahe wong ayuda | pra mantri samya tur bêkti | pan kawula têksih wontên ngalam donya ||
9. kenginga botên kenginga | panduka kèndêl kariyin | ecaa pulang asmara | sampun panduka mêdali | ecaa kèndêl gusti | watêna têtarub agung | amba ikang maguta | Ratu Pandhan ngandika ris | sun tarima mugi Yyang Sukma malêsa ||
10. Ratu Pandhan angandika | dhatêng sagunging prajurit | lah padha asingidana | yèn mêngko campuh ing jurit | mêngko sun têngarani | yèn bêdhil muni ping pitu | sadaya mirantia | prajurit samya tur bêkti | yèn wis kondur dèn egal anêrajanga ||
11. dyan lumampah Ratu Pandhan | ingiring para prajurit | ingiringan rada têbah |
--- [f. 261r] ---
sikêpipun dèn adhangi | sadaya sarêng prapti | nulya binusanan sampun | pangage murub muncar | dinulu alah prajurit | pan sadaya sikêpe wong Surapriga ||
12. pangagoning sikêp abra | kulambi sangkêlat abrit | ana kang sakêlat jênar | sawanèh sangkêlat wilis | ana kang sora-sari | sami trênggos kulukipun | mawi sondhèr sadaya | dinulu tuhu ngajrihi | Ratu Pandhan abusana murub muncar ||
13. jêng pangran lumakyèng wutat | angiring dhatêng kang rayi | syaraning bala lir gêrah | Prabu Giri amiyosi | wadya ing Surabanggi | sadaya awas andulu | datan nganti têngara | wong sikêp pating barêkik | alyir gêrah surake wong Surapriga ||
14. amalapar katingalan | Raja Giri aningali | kalawan putra ing Cina | pan sampun angagêm bêdhil | singa dèn bêdhil kêni | sadaya tan ana mundur | kang pêjah linakungan | tan tinolih lamun mati | pangamuke tan ana sêdya mundura ||
59. Durma
[Wadya Giripura kawon, sang pandhita Giri tumungkul dhateng wadya Mataram.[21]]
1. pan karasa pêparinge Ratu Pandhan | sêdya amalês bêdhil | pan pating galobrah | sikêping Surabaya | angamuk saya nêngahi | sikêp kang kosya | lir ombaking jaladri ||
2. sampun rukêt kang aprang tumbak-tinumbak | rame agênti kêris [kêri...]
--- [f. 261v] ---
[...s] | pan pêdhang-pinêdhang | ana kêkanthèn asta | sawanèh bithi-binithi | putra ing Cina | ngamuk angobat-abit ||
3. Endrasena pangamuke saya nêngah | lir banthèng tawan kanin | kadya singa galak | singa katrajang bubar | wong Surabaya tan pulih | bubar lumajar | wong Surabaya ngisis ||
4. Ratu Pandhan uninga balane rusak | sigra nulya nudingi | marang bala kosya | kinèn mêtu sadaya | bêdhil sampun dèn sulêdi | muni ping tiga | kang miranti dyan prapti ||
5. dipun lambung wong Giri pan tinumbakan | tambuh datan udani | bubar ting sulayah | kang mati ting jalêmpah | wong Giri bubar angisis | putra ing Cina | kinêpung ing prajurit ||
6. Endrasena angamuk sabalanira | tandange gêgilani | apan katadhahan | wong Cina ngamuk rampak | sadaya anêrêg wani | pating gulasah | prajurit ngasêg[22] wani ||
7. pan lumayu angusi raja pandhita | wanèh arêbut rabi | ana ngusi jurang | wanèh ngusi sagara | ing Giri wus dèn ambêngi | baris angêpang | apuyêngan kang kari ||
8. kawarnaa Jêng Pangeran Surabaya | migah kadhaton Giri | kalihan kang garwa | prajurit anèng ngarsa | pinêthuk wontên ing kori | dening wanodya | garwane sang ayogi ||
9. samya
--- [f. 262r] ---
nangis garwane raja pandhita | sami wacana manis | dhuh karsa punapa | agèr migah ing arga | gusti puranên sang yogi | luhung gêsanga | ratu mas atur mami ||
10. angandika Ratu Pandhan lan kang raka | hèh wanodya ing Giri | datan sêdya paran | yèn kêna sang pandhita | marma ngong têka pribadi | arsa panggiha | kalawan sang ayogi ||
11. age sira matura ing lakinira | ora isun patèni | yèn kêna elinga | nukula mring Mataram | ngaturêna pati urip | datan anyana | lamun amapag jurit ||
12. lakinira yèn pikire atiniwang | têkaa ngarsa mami | aja salah tămpa | lah mara timbalana | aja gawa kêris siji | dèn egal uga | praptaa ngarsa mami ||
13. bok pandhita sigra murugi kang raka | wus kapanggih sang yogi | prasamya tur sêmbah | gusti atur kawula | panduka dipun timbali | mring sang dipatya | Jêng Pangran Surabagi ||
14. pan sandika ature raja pandhita | nulya dadan agipih | tan mawi curiga | sampun prapta ngayunan | sang pandhita atur bêkti | dhatêng pangeran | ngaturkên pati urip ||
15. angandika Jêng Pangeran Surabaya | mring sang pandhita aris | paran karsanira | sira pan isun gawa | marang kutha Surabanggi | sira idhêpa | mring
--- [f. 262v] ---
Jêng Sultan Matawis ||
16. sang pandhita ing Giri matur anêmbah | datan lêngganèng karsi | sampun karsani Yyang | pêkca ing kina-kina | irêngan kalihan isi | singa gethanga | amasthi brăngta kikin ||
60. Asmaradana
[Nagri Giri bedhah. Sang pandhita Giri, para putri, saha raja brana Giri kaboyong dhateng Mataram.[23]]
1. pangeran angrês ing galih | ningali mring sang pandhita | sarwi angandika alon | aja maras atènira | sun gawa mring Mataram | saos maring sang aprabu | sang wiku matur sandika ||
2. pêjah gêsanga tan gisir | pangeran aris ngandika | mring wadyabalane kabèh | lah jaganên sang pandhita | wadya matur sadaya | yèn suwawi gustinisun | sang pandhita pinêjahan ||
3. mila atêmahan jurit | abdi dalêm kathah pêjah | sang pandhita padamêle | jêng pangeran angandika | isun datan winênang | yèn matènana sang wiku | pan dudu bubuhan iwang ||
4. besuk pêrnah putu mami | kang anumpês ing Prawata | lah ta uwis sira age | tandhunên sang apandhita | ya ta raja pandhita | wus dadan sigra tinandhu | tuwin sagung para garwa ||
5. wong cili wus dèn bayongi | jêng pangeran sigra bubar | datan kawarna lampahe | wus prapta ing Surabaya | watara laminira | asare mung gasal dalu | karsa kondur mring Mataram ||
6. kang wadya adadan sami | sang pandhita pan binêkta | pawongan ginawa [gi...]
--- [f. 263r] ---
[...nawa] kabèh | muwah ikang rajabrana | sigra anulya bubar | datan kawarna ing ênu | wus prapta nagri Mataram ||
7. pangran asaos sarimbit | malêbêt sajroning pura | kang raka kandhêg ing regol | Ratu Pandhansari prapta | ing ngarsane jêng sultan | saksana sigra cumundhuk | sumungkêm pada manêmbah ||
8. sri bupati ngandika ris | lah ta êndi lakinira | kang rayi atur sêmbahe | igih watên paregolan | ngandika kajêng sultan | timbalana arinisun | têkaa ing ngarsaniwang ||
9. sampun tinimbalan aglis | tan adangu nulya prapta | sumungkêm pada sang katong | wus ngabêkti mundur sigra | matur sarya anêmbah | gih amba panduka utus | agêcêk[24] ing Giripura ||
10. igih sampun panduka ji | pandhita kawula bêkta | miwah saanak somahe | tuwin kang rajabêrana | mangke watên ing jaba | kojuka dhatêng pukulun | sri narendra angandika ||
11. isun anarima yayi | ing pakarya pêkênira | sang pandhita karsaningong | sun paringakên mring sira | miwah rajabêrana | saisine Giri iku | sira ikang aduwea ||
12. nuwun Pangran Surabanggi | pinatêdhan kang bêrana | muwah kang raja kaputrèn | pinarikên[25] Ratu Pandhan |
--- [f. 263v] ---
sang nata angandika | wus muliha arinisun | marang padalêmanira ||
13. kang rayi sarêng wotsari | wus mêdal saking jro pura | kondur dhumatêng dalême | sarawuhe dalêmira | sarta bêkta boyongan | lawan rajabrana agung | pan samya dinum sadaya ||
14. sagunge kang para mantri | ing Surabaya wêrata | pan sami ginanjar kabèh | tuwin prajurit satriya | miwah lurah kabayan | wêrata dhatêng pêpikul | muwah rare kasinoman ||
61. Sinom
[Wadya Mataram kabantu mancanegari lumurug dhateng Jakarta.[26]]
1. datan kawarna laminya | kocapa sri narapati | dawêgira sinewaka | ing wadyabala Matawis | pêpak kang para mantri | jajar ing para tumênggung | tumbak lêmbing lan panah | jajare kering lan bêdhil | Priyataka ajajar lan wong Anyutra ||
2. wong anulup samya tata | angapit ing kanan kering | pêpak pênuh nèng ngayunan | miwah wong Jagabayèki | Nyakragnyana nèng ngarsi | Priyataka jajaripun | lawan wong Wisamarta | Surayuda sisihnèki | Wirabraja ajajar lan Brajanala ||
3. wong Kapilih anèng ngarsa | wong Nirbaya jajarnèki | Patrayuda lan Kanoman | Gandhèk mantri anom ngarsi [ngar...]
--- [f. 264r] ---
[...si] | sisih Singanêgari | Martalulut jajaripun | Kabayan rada kiwa | niyaga wontên ing wiking | Mandhung kidul samya sewaka sadaya ||
4. astranăngga maondara | jagasura judhipati | gawong kalang lan manggăngsa[27] | sadaya prasamya nangkil | tuwin para dipati | jêjêl supênuh nèng ngayun | miwah para sêntana | kamisêmpuh[28] sami nangkil | pêpak kabèh pasisir măncanêgara ||
5. kajêng sultan angandika | mring sagung para dipati | hèh kaki Mandurarêja | dika sun utus ing mangkin | lumampaha ing jurit | dadia têtindhihipun | wong pasisir sadaya | andika abên ing jurit | ing Jakarta kancikan dening Wêlănda ||
6. pan nagara ing Jakarta | dipatine wus kalindhih | puniku dika rêbuta | alah kêna ing Walandi | sarupane pasisir | andika abên prang cucuh | Pangran Mandurarêja | sandika ing aturnèki | sri narendra ya ta malih angandika ||
7. lan malih dika bêktaa | mariyêm isun kêkalih | dika mêtu ing lautan | angirida wong pasisir | sang dipati nulya mit | bubar saking alun-alun | wus prapta wismanira | sakèhing sêntana mantri | sami prapta kang tuwa anom sadaya ||
--- [f. 264v] ---
8. Pangran Mandura ngandika | isun kaya nora mulih | sanadyan isun mênanga | amasthi isun tan mulih | kang garwa miyarsèki | ing wuwuse lakinipun | ya ta sami karuna | sêsambate amlasasih | sarupane anak putuning wanodya ||
9. sami karuna sadaya | kadipundi ta kiyai | sampeyan têka ngandika | adamêl maras kang galih | kang raka ngandika ris | pan wus karsane Yyang Agung | wis ta sira karia | dèn abêcik sira kari | datan wurung sira anusul maringwang ||
10. sigra Pangeran Mandura | ngrasuk busanane jurit | sêntana pêpêk sadaya | muwah dipati pasisir | sampun dipun utusi | ikang bêdhil agêng mêtu | sigra Ki Baudhêndha | sampun aputusan malih | kinèn saos sadadananing ayuda ||
11. wus mangkat Pangran Mandura | wong pasisir samya cawis | miwah Adipati Sampang | Surabaya lan Garêsik | Lamongan lan ing Tubin | ing Langsêm lawan Sidayu | Dêmak lawan Japara | Jawana Kudus Sêmawis | sami mantuk ing nagara sowang-sowang ||
12. mariyêm kalih tinata | dhatêng ing Sampang nêgari | kang jaga damêl lautan | ing Sampang lan Surabanggi | mapan sampun ajaji | kang mêtu dharatan besuk | kapanggiha Ngastina | pacampuhan ikang
--- [f. 265r] ---
baris | Kya Mandura lampahe datan winarna ||
13. wus prapta nagri Ngastina | sagung bupati pasisir | sampun sami ingutusan | kang kilèn sampun acawis | kang wetan sami prapti | sadaya pan sampun kumpul | samya adadan palya | saksana bubar tumuli | sigra mancal layare sampun dèn babar ||
14. sampun silêm ing dharatan | sawanèh ngêbat kamudhi | Kaliwungu Kêndhal Batang | Wiradesa ing Sêmawis | Barêbês lan ing Têgil | Pamalang kumpulan agung | sampun sami alayar | pating galêbyar tulya sri | ing Carêbon ênggone atatan-tatan ||
15. wus mangkat kala sêmana | saking Carêbon nêgari | tan kawarna ing lautan | ing Jakarta sampun prapti | nulya anata baris | Kya Mandura pondhokipun | kidul wetaning kutha | kinêpung pondhok pasisir | wus misuwur yèn arsa gêcêk Wêlănda ||
16. wong Jakarta sampun obah | wong Jawi sami ambalik | aseba mring Ki Mandura | amung ta kari Kumpêni | samya angati-ati | baluwartine aluhur | mariyêm wus amapan | gurnada lan gutuk api | pan Wêlănda adina-dina puyêngan ||
17. pagêdhene[29] kang Wêlănda |
--- [f. 265v] ---
kang parentah mring Kumpêni | Kapitan Jakung wastanya | agêng igil tur prajurit | ing sabrang tanpa tandhing | tan purun mêngsah Ki Jakung | kapitane satunggal | awasta Bèlêm Wêlandi | kang satugal Kapitan Endro wastanya ||
18. kapitane malih ika | Siktuye namane nênggih | Jrodo kapitan pangarsa | kalawan Kapitan Wali | Katrèng ikang satugil | kawolu Kapitan Gêbyug | petoripun sakawan | nêmbêlas luknan pangarsi | lopèrèse apan ta datan winarna ||
19. sadina-dina malatar | tamburnya sadaya muni | wus ambêk pêjah sadaya | Wêlandane kang acili | sadaya samya titrim[30] | tan ana kang wani mêtu | nêngêna wong Wêlănda | ucapên bala Matawis | Ki Mandurarêja barise tinata ||
20. sagunge para dipatya | sadaya dipun utusi | pan sampun pêpêk sadaya | kang badhe pangajur[31] jurit | bupati kanan kering | ing Jakarta samya kumpul | Cianjur lan Sumêdhang | Ukur Ciblagung Ciamis | ing Ciancang Bandhung lan Parakan Muncang ||
21. Limbangan Imbanêgara | Sokapura wus arakit | miwah Dipati Karawang | ing Dêrmayu Rêmbang rakit | Pangran Carêbon [Carê...]
--- [f. 266r] ---
[...bon] nênggih | kinarya têtindhihipun | pra bupati Pasundhan | kidul kilèn gènnya baris | wong pasisir bang wetan pinara tiga ||
22. ana kang mêdal dharatan | sawanèh miyos jaladri | wus samya prayitnèng yuda | sagunge para dipati | Barêbês lan ing Têgil | Caruban pan sampun kumpul | Sawojajar Pamalang | miwah Wiradesa iki | Batang Kêndhal Kaliwungu lan Sêmarang ||
23. ing Tuban lan ing Jêpara | ing Gêmbong lawan ing Bangil | pan sampun prapta sadaya | ing Kudus lawan Juwani | Sidayu lan Tribagi | sikêp ing Surabayèku | miwah Dipati Sampang | kang kinèn miyos ing warih | anjagani musuh kang mêdal lautan ||
24. Pangran Mandura ngandika | anari para dipati | hèh sakèh para dipatya | ing mangke paran kang pikir | tan kinêcak[32] tumuli | nêgara Jakarta iku | wong Jawa sampun têlas | padha seba marang kami | ing jro kutha mung kari gaman Wêlănda ||
25. Ki Baurêksa anêmbah | atur kawula kiyai | dadya kang mêdal ing toya | mung punika dèrèng prapti | rumiyin sampun jangji | ing ayuda sarêng gêmpur | gêpuk kitha Wêlănda | punika yèn asuwawi [asuwa...]
--- [f. 266v] ---
[...wi] | yèn tan prapta ing sadina kalih dina ||
26. Pangeran Mandurarêja | anurut ature sami | Ki Tumênggung Baurêksa | miwah wadya ing pasisir | sadaya angrêmbagi | kèndêla ing kalih dalu | ênêngêna sêmana | ucapên natèng Mêtawis | anèng pura pinarak kalih kang uwa ||
27. kanjêng sultan angandika | lah ta uwa Purbayèki | lah andika sumusula | amayangana ing jurit | andika têtuwani | uwa kang mêtu ing laut | nanging wêkas kawula | sampun dika milu jurit | dika uwa ngong karyan[33] tăndha ngayuda ||
28. Panêmbahan Purubaya | sigra nulya atur pamit | wus mêdal saking jro pura | Panêmbahan wus lumaris | apan tan bêkta baris | lumampah lan anak putu | kapêdhak lan lêlurah | puniku ikang angiring | tan kawarna sampun prapta ing Jêpara ||
29. Panêmbahan Purubaya | pan darbe palya pribadi | awasta pun Kaladuta | warnane kalakung asri | sigra dipun titihi | layare binèbèr sampun | prapta têngah lautan | ênêngêna ta kariyin | kawarnaa Pangeran Mandurarêja ||
30. sampun amiyarsa warta | Panêmbahan anungsuli | ya ta Pangeran Madura | angrasa kalamun isin | lampahe dèn tumpangi | anulya têngara umyung | Tumênggung
--- [f. 267r] ---
Baurêksa | sampun anata kang baris | wong pasisir barise sampun kumêrab ||
31. miwah kang mêdal lautan | wong Sampang kang amayangi | surake gumêr sauran | Wêlănda sampun udani | yèn arsa dèn ugahi | sigra atêngara umyung | Kumpêni wus malatar | mariyême amiranti | gutuk api gurnèt[34] kalawan gurnada ||
32. wus sami tata sadaya | kêstabêle kang ngadhêpi | saradadu bêbragadan | sinapan sikêping jurit | Wêlănda sakumpêni | têtindhih kopral têtêlu | lopèrèse satugal | wus sami awiji-wiji | tataning prang Kumpêni bêbêrondongan ||
33. Wêlănda kang bêbragadan | kapitanipun satunggil | kêkalih ikang anata | lopèrèse kang winarni | pan sampun ingidêri | kang anèng lor wetan kidul | kilèn sampun atata | punika ikang kawilis | wong Wêlănda pan namung kawan bragada ||
34. Kumêndam Jakung ajaga | wong Kumpêni dèn idêri | pan sami aprajangjiyan | jajine barêng ngêmasi | aja na kang gumisir | Wêlănda barênga lêbur | wus samya ambêk pêjah | tan ana kang sêdya urip | apan jangji bubuhan ukur-ukuran[35] ||
62. Pangkur
[Wadya Mataram kabantu mancanegari perang mengsah Kumpeni ing Jakarta.[36]]
1. Wêlănda sampun atata | kidul wetan ikang dipun kandêli | kang baris [bari...]
--- [f. 267v] ---
[...s] sinang lir mêndhung | mariyêm wus satata | pan anglela gurnat gurnada lan êbum | gutuk api miwah lela | kalatakane ngidêri ||
2. sunapan pating galêbyar | pan gumêrah tambur barung saruni | Kapitan Jakung nèng kidul | lawan kapitan papat | kang anama Kapitan Edro lan Êbyuk | pan Endro ikang satugal | kalawan Kapitan Wili ||
3. Kya Mandura dyan antara | pra dipati kinon amangsah jurit | sigra tangara gumuruh | suraknya asauran | karsanira angrasang ing kitha purun | syaraning bêdhil gumêrah | pra dipati ngantêp jurit ||
4. wong pasisir maju rampak | wong Wêlănda pan samya ngati-ati | sinulêd mariyêmipun | alyir gêlap sauran | rowang musuh syarane lir gunung rubuh | wong pasisir kathah pêjah | pan maksih sudirèng jurit ||
5. tan kandhêg pambendrongira | kalataka masbun pan taksih muni | agêgilani karungu | kadya prawata bêntar | ambyor mimis dinulu lir lintang runtuh | wong pasisir samya mêndhak | kang katrajang datan urip ||
6. enjang Kya Mandurarêja | karsanira wau amangsah malih | gêgaman kang anèng laut | pan sampun ingutusan | kinèn barêng mara ing pagêpukipun | wadya pasisir sadaya | sênjatane wus miranti ||
7. Wêlănda sampun atata | pambêdhile ikang anèng pasisir | mariyêm anèng [a...]
--- [f. 268r] ---
[...nèng] parau | muni ngukuli kitha | sinulêdan syarane lir gunung rubuh | kadi gêlap asauran | pêtêng dhêdhêt kaya wêngi ||
8. wong Jawa kathah kang pêjah | wong Wêlănda akèh kang tatu mati | saradadu kathah lampus | kopral lawan sareyan | wong Wêlănda sêmana pêrange bingung | dening kukusing sundawa | pati-pati cêcêkêli ||
9. wadya kang mêdal lautan | pan akathah asalipun pêpati | mariyême pan sakantuk | Wêlănda kathah pêjah | têtindhihe Kapitan Indros wus lampus | luknan kêkalih wus pêjah | sareyan têtiga mati ||
10. nanging sampun ginêntenan | kapitane luknan wus dèn suluri | tan kandhêg gènnya prang pupuh | sabên dina mêngkana | duk sêmana apan kasaput ing dalu | prasamya apirêmbagan | Wêlănda sampun atitrim ||
11. ya ta kawarna sêmana | Panêmbahan Purubaya wus prapti | angambang anèng ing laut | nitih pun Kaladuta | kapalipun agêng apanjang apatut | ya ta wau kawarnaa | wontên palya agêng prapti ||
12. nênggih palyaning Wêlănda | karsanira wau arsa mayangi | gêgaman kang anèng laut | punika dados sêmang | kapalira pan têtiga kathahipun | Panêmbahan Purubaya | pan sampun amarêpêki ||
13. Wêlănda kang anèng palya | sadayane pan sami ngati-ati |
--- [f. 268v] ---
mariyêm sinumêd gupuh | anandêr Panêmbahan | datan kandhêg palwane pangeran wau | ngadêg lir taksaka lanang | warnane agêgilani ||
14. kang palya nulya angrunjang | lakung sangêt syarane lir bêdhil muni |[37] barat agêng sangêt nêmpuh | palya tarung lir gêlap | wong Wêlănda palyane pan sampun lêbur | kèrêm anèng jro samodra | kang tan kèrêm sampun lari ||
15. sampun misuwur kang warta | Panêmbahan Purubaya wus prapti | apêrang satêngah laut | palya Wêlănda rêmak | siji kèrêm kapal kêkalih lumayu | Wêlandi miyarsa warta | manahe sangsaya miris ||
16. pan kasusra ing Wêlănda | yèn Pangeran Purubaya sinêkti | kaloka yèn bisa mabur | iya kala sêmana | wong Wêlănda atitrim sadalu-salu | ngawang-awang binêdhilan | sêmana obate nipis ||
17. enjing malih kawarnaa | Panêmbahan Purubaya wus migir | wong pasisir samya dulu | kang anèng ing lautan | samya migir sadyane angrampid purun | sadaya manjing muara | wong Kumpêni sami rakit ||
18. rêmbagira pra kapitan | mariyême ikang mugèng pasisir | bêdhil jadwarsa tinutup | sigra ingarah-arah | mimis ponthang kinira bisa amasuk | saksana sira pinetar | pangarahira pan [pa...]
--- [f. 269r] ---
[...n] sisip ||
19. kêna pigire kewala | ya ta gêmpal wau mriyêm Matawis | petar-pinetar adaut | palya akathah rêmak | wong pasisir akathah kèrêm nèng laut | Wêlănda akathah pêjah | kapitan mati kêkalih ||
20. Jêng Pangeran Purubaya | dyan tumêdhak saking palyanira glis | panakawane têtêlu | punika kang binêkta | kang abêkta lantaran lawan kêkuthuk | lan kang ngampil pangawinan | Wêlănda samya ningali ||
21. sigra nulya pinetaran | sadaya mariyême dèn sumêdi | syarane lir gunung rubuh | gurnat lawan gurnada | gutuk api syarane kadya galudhug | tambure munya brang-brangan | saloprèt[38] pating jalêrit ||
22. Panêmbahan angandika | Si Wêlănda dening kapati-pati | ambêdhili marang isun | lah iya êntèkêna | obatira Kumpêni sadaya gugup | lir abêdhil wêwayangan | ngisèni datanpa mimis ||
23. sawanèh bêdhile sigar | Jêng Pangeran Purbaya marêpêki | Wêlănda sangsaya gugup | gègère apuyêngan | kang sawanèh bêdhile marêp mring dhuwur | atine abutarêpan | mênawa ana ing langit ||
--- [f. 269v] ---
24. Panêmbahan angandika | hèh Wêlănda dene kapati-pati | apa ngandêlkên kuthamu | dumèh kandêl tur amba | yèn kinona anêmêni sira gêmpur | kutha sarwi tinudingan | bata bêngkah sêdhêng jalmi ||
25. Jêng Panêmbahan Purbaya | nulya kondur pan taksih dèn bêdhili | lumampah sarwi ya udud | lir metar wêwayangan | panakawan têtiga tan ana bintul | rahayu katiga pisan | sigra migah palya aglis ||
26. angandika Panêmbahan | dhatêng wau sagung niyakèng pasisir |[39] lah wis karia sadarum | isun layar manêngah | sun ajaga musuh kang mêtu ing laut | anulya layar manêngah | sakêdhap datan kaèksi ||
27. Panêmbahan Purubaya | pan abanjur sêdya kondur Matawis | pan sampun akarya tatu | kinarya gora-gora | wong Wêlănda manahe miris atakut | sok ana mêndhung katingal | gumuruh dipun bêdhili ||
28. dadananira mèh têlas | obat mimis Wêlănda wus anipis | warnanên kang ngêpung kidul | Tumênggung Baurêksa | anrang baya budhal saking bitingipun | sakathahe wong Ngastina | anglagar biting Kumpêni ||
29. Wêlănda mimise têlas | sakalakung ngêtog gènnya ajurit | mimisnya dèn kum ing uyuh | kinuthah lawan berak | ana ikang [i...]
--- [f. 270r] ---
[...kang] kinuthah gajihing asu | wong Wêlănda wus uninga | yèn wong Jawa marêpêki ||
30. anulya dadan sadaya | wus malatar mariyême dèn sumêdi |[40] gurnat gurnada lan masbum | syaranya alyir gêlap | pan wong Jawa kang katiban kabur-kabur | Kya Tumênggung Baurêksa | sêmana pan sampun kanin ||
31. katiban mimis sêsawat | pupunira tugêl manguwir-uwir | wadyèng pasisir kèh lampus | mimis tiba lir udan | wong Wêlănda mimise kêdhik kang kantun | wêtara kari sadina | tan adarbe mimis malih ||
32. bitingira bubar-bubar | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wadya alit kyèh migat | samya mulih amarod[41] sira ing dalu | ya ta Pangeran Mandura | sêmana karsa ngawaki ||
33. sêntana kawulawarga | pan pinêpêk sadaya wus miranti | pan isun arsa angamuk | kuthane Si Wêlănda | sun ugahi karsa isun amuk purun | padha sira sêsucia | payo padha mati sabil ||
34. sadaya matur sandika | pra sêntana kalawan bala mantri | asagah barênga lêbur | enjange kawarnaa | Kya Mandura miyosi sawadyanipun | sigra têngara ing yuda | kêndhang gong gumuruh atri ||
--- [f. 270v] ---
35. Wêlănda sampun malatar | bêdhilira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Pangran Mandura mangsah | pra sêntana wadyanira sarêng nêmpuh | wong Wêlănda kagegeran | bêdhile wus dèn sulêdi ||
36. syarane bêdhil lir gêlap | kang pratala obah agonjang-ganjing | wadya Mataram kèh lampus | kang sawanèh aniba | nulya tangi katiban abanjur lampus | kang sawênèh ana sêmpal | baune manguwir-uwir ||
37. kang sawanèh kaprawasa | janggut sêmpal jajanya rontang-ranting | ana kang pupune putung | kênèng mimis sêsawat | kang sawênèh ana tugêl wêtêngipun | ususe akuleweran | tan ana tawa ing mimis ||
38. ana kang binêdhil kontal | nulya tangi umangsah ngamuk malih | Kya Mandura pêrangipun | mimis kadi parada | lamun lèrèn anuli ingusap runtuh | wus aso mangsah ing rana | sampun parak lawan biting ||
39. wong Wêlănda kagegeran | mimis têlas berak kinarya mimis | gènnya ngisèni kasusu | tan anganti wêwadhah | tapiyone kinarya cêcidhuk tablun | wanèh sinarok ing têngah | ana dèn campal kulambi ||
40. sampun sami binêdhilan | Kya Mandura sampun parak lan biting | syaraning bêdhil [bê...]
--- [f. 271r] ---
[...dhil] gamrudug | tambure kadhumbrangan | kang sunapan kadi wong malagar wuluh | pêtêng kukusing sundawa | saloprèt pating jalêrit ||
41. wong kamanduran kèh pêjah | ikang gêsang samya awuru tai | Kya Mandura mingat-mingut | pan sarwi mutah-mutah | pra sêntana watara kari rongpuluh | wadya alit sampun têlas | kang urip tan bisa tangi ||
42. sami banjur mring bangawan | samya adus busanane dèn buwangi |[42] sadaya sêsalin sampun | prasamya mangsanggrahan[43] | Kya Mandura wadyanipun kathah rêmpu | pan maksih sami sudira | sumêdya angrasang malih ||
43. Wêlănda wus kagegeran | gêgêdhene akathah ikang mati | kapitan papat kang lampus | luknan mati sakawan | lopèrèse ikang mati kalih puluh | saradadu sabragada | ikang urip samya titrim ||
44. dangdananira wus têlas | mimis obat apan norana kari | manahira eyang-eyung | sêdya pêjah kewala | mung taine kang kinarya mimisipun | wus sêdya lêbur sadaya | datan nêdya dèn unduri ||
63. Durma
[Kangjeng sultan dhawuhaken wadya Mataram kèndel anggènipun mengsah kumpeni ing Jakarta. Wadya Mataram bedhah nagri Balambangan.[44]]
1. ênêngêna kang tugur anèng Jakarta | kocap Sultan Matawis |
--- [f. 271v] ---
lagya sinewaka | pêpêk kang wadyabala | para sêntana wus nangkil | Pangran Purbaya | sêmana lagya prapti ||
2. sampun seba dhumatêng sri naranata | tumulya matur aris | kawula sang nata | panduka tus lumampah | ajakung[45] ikang ajurit | dhatêng Jakarta | sampun amba lampahi ||
3. sampun karya tilar tilas gora-gora | pun Wêlandi atitrim | nanging wadya tuwan | ing pasisir sadaya | kathah risak kathah mati | pun Baurêksa | wartosipun akanin ||
4. pun Mandura sampun ngawaki priyoga[46] | balanya kathah mati | anak putunira | tumpês akathah pêjah | pun Mandura ngrasang biting | nanging punika | mundure dening tai ||
5. pun Wêlănda obat mimisipun têlas | tai kinarya mimis | têlas kedahira | sêdya atêtumpêsan | manahe sampun atitrim | yèn bantonana | baris saking Matawis ||
6. pasthi bêdhahipun nagari Jakarta | ing mangke kadipundi | karsa sri nalendra | botên si yèn awona | apênêd lan Si Walandi | sri naranata | nulya ngandika aris ||
7. lah ta uwa Purubaya karsaniwang | sun kon mundur kang jurit | lah ta wong Mataram | ing benjang wruhanira | ing sapukur-pukur mami | nak putuniwang | lunga têkèng Mêtawis ||
8. iya iku [i...]
--- [f. 272r] ---
[...ku] kang atulung têdhak iwang | besuk sapukur mami | iya Si Wêlănda | ikang akarya nata | ngulihakên mring Matawis | wong Jawa benjang | tan wani mring Kumpêni ||
9. lah wong gandhèk lawan wong Singanêgara | hèh mintara dèn aglis | sira timbalana | kang anèng ing Jakarta | undurêna kang ajurit | Si Baurêksa | uwisna padha mangkin ||
10. Ki Mandurarêja yya mulih Mataram | pêrnahna anèng Kali- | wungu dèn gonana | uwis sira mangkata | kang dinuta nêmbah amit | sigra lumampah | tan winarna ing margi ||
11. wus alayar sampun prapta ing Jakarta | nulya sira kapanggih | lawan Ki Mandura | anulya tinimbalan | kinèn mundur ing ajurit | gih jêngandika | pinêrnah Lèpèntangi ||
12. Kya Mandura garjita ing manahira | angrasa lamun sisip | sigra nulya bubar | sampun anitih palya | Baurêksa dèn suduki | kala sêmana | wadyèng pasisir titrim ||
13. sampun bubar wadya pasisir sadaya | Wêlănda aningali | lakung sukanira | sampun angrasa gêsang | wus angrasa wong Kumpêni | yèn kajêng sultan | ikang asru ngalimi ||
14. pira-pira sukanira wong Wêlănda | wus olih
--- [f. 272v] ---
rêmbug bêcik | tan nyana yèn gêsang | dadanan sampun têlas | marmane sira nusuli | marang Mataram | ngaturi bulupêkti ||
15. kawarnaa Kya Mandura sampun prapta | wontên ing Lèpèntangi | sanak putunira | kalakung kawlasarsa | saundurira ajurit | saking Jakarta | sêmana dèn babadi ||
16. wong apêrang anatasi buta kala |[47] ika sêngkalanèki | Pangeran Mandura | pan sampun pinêjahan | nênggih wontên Lèpèntangi | wus ingastana | nèng Kaliwungu nênggih ||
17. tan winarna duk sêmana laminira | sang nata ing Matawis | enjing sinewaka | pêpêk kang wadyabala | mantri gung-agung sumiwi | para sêntana | sadaya samya nangkil ||
18. angandika sang nata mring arinira | Pangeran Adipati | Silarong kang nama | adhi sira mintara | anindhihana kang jurit | wadya Mataram | adunên ing ajurit ||
19. Balambangan adhi lah sira bêdhaha | lawan Prigabayèki | iku ta ngiringa | marang ing kakangira | wadyabala ing Matawis | sira adua | yèn ana kang nguliwing ||
20. patènana sira gawea totonan | lan isun agawani | jêjênênging [jêjênêng...]
--- [f. 273r] ---
[...ing] yuda | gandhèk pan sanakira | Padurêksa wastanèki | sutane paman | Prigalaya sumêndhi ||
21. iku iya isun karya awak iwang | kalawan sira adhi | basanana kakang | marang Si Padurêksa | pan iku sêsilih mami | sun ênggo tingal | sisih pan wong Matawis ||
22. alah uwis padha sira adadana | sasikêping ajurit | lawan wêkas iwang | yèn bêdhah Balambangan | yèn kalah musuhirèki | lah bayongana | lanang wadon yya kari ||
23. dina Soma lah adhi sira mangkata | kang rayi awotsari | sang nata wus jêngkar | saking ing panangkilan | malêbêt ing kênyapuri | ngiring badhaya | sêlir myang para cèthi ||
24. pra niya[48] pan samya bubar sadaya |[49] sampun angrakit baris | kang kinèn ayuda | măncanagri ngutusan | kinèn asaosa sami | gêgamanira | sapraboning ajurit ||
25. kawarnaa laminya praptèng ubaya | sigra miyos tinangkil | pêpêk kang pugawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Silarong prapta | kalihan lan kang rayi ||
26. kang awasta Ki Dipati Prigalaya | sanakipun [sanakipu...]
--- [f. 273v] ---
[...n] kêkalih | kang milu anglanggar | sampun pêpak sadaya | miwah ikang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||
27. angandika jêng sinuhun ing Mataram | bubarêna kang baris | lah ta adhi poma | sira dèn aprayitna | kang rayi matur wotsari | anulya bubar | miwah kang para mantri ||
28. wus lumampah gêgaman agêng kumêrab | wus prapta jawi taji | andhèr abalabar | tan kawarna ing marga | pan sampun praptèng Kadhiri | măncanêgara | wau ikang dèn anti ||
29. Jagaraga Kaduwang lan Kamagêtan | Madiyun sampun prapti | miwah Panaraga | Caruban Kêrtasana | Kalangbrèt ing Rawa prapti | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||
30. Garobogan Balora kalawan Jipang | ing sêsela wus prapti | wong pasisir kiwa | dikakakên dhèrèka | wong Langsêm lawan ing Pathi | Sidayu Tuban | Lamongan lan Garêsik ||
31. Surabaya kerid dening wong Mandura | sadaya kêrig sami | Japan Wirasaba | Pasuruhan ing Malang | sadaya sampun prajangji | ing Pasêdhahan | pakumpulaning baris ||
32. sampun bubar saking nagari ing Daha | datan kawarnèng margi | prapta Pasuruhan [Pasuruh...]
--- [f. 274r] ---
[...an] | sampun atata-tata | wong pasisir sampun prapti | măncanêgara | sami amêpêk baris ||
33. sampun bubar gêgaman praptèng Lumajang | nanging maksih lumaris | tan kawarnèng marga | prapta ing Balambangan | arêrêb anata baris | sampun kawarta | misuwur ing wong Bali ||
34. Balambangan andina gègèr puyêngan | sampun utusan aglis | mring Bali sêmana | apan wus binantonan | wong Bali kang bêcik-bêcik | kang tau tatal | angalahkên nêgari ||
35. gêgêdhene nênggih kêkalih winarna | wastanira winarni | Radèn Jalêngkara | wastane kang satugal | kalih pun Dewagung nênggih | sami prakosa | dêdêgnya agêng inggil ||
36. prajurite Panji Galèlèng wastanya | lan Panji Macankuning | pamuknya akathah | ika datan winarna | ing Balambangan wus prapti | atatan-tatan | samya anata baris ||
37. Kya Dipati Balambangan kawarnaa | putranira kêkalih | aran Ki Mas Kêmbar | kinèn atêngga pura | wus bubar saking nêgari | pan sampun prapta | tapêl watês pamigir ||
38. wus kapêthuk pan sami sawang-sinawang | kalawan wong Matawis | pan sami prayêtna | samya nata gêgaman | prajurite amiranti | bêdhil pinasang | obat mimis wus rakit ||
39. ikang dadya gunungan mugèng ing dhadha |
--- [f. 274v] ---
Pangeran Adipati | Silarong punika | kang kinarya pangarsa | sèwu numbakanyar nênggih | samya prakosa | wong Bagêlèn anênggih ||
40. wong bumija kang anèng pangawat kiwa | ikang dadya têtindhih | Pangran Prigalaya | dening wadya Mataram | barise sampun pinalih | samya atata | tuwin baris pasisir ||
41. mugèng kiwa kang têngên măncanêgara | mêngsah Bali wus prapti | lan wong Balambangan | sampun ayun-ayunan | wong Mataram lan wong Bali | têngara gumyah | ramya bêdhil-binêdhil ||
42. wong Mataram samya asila atarap | arsa angantêp jurit | dangu bêbêdhilan | wong Bali kathah pêjah | prajurite angawaki | sigra narajang | sakathahe wong Bali ||
43. ting barêkik wong Bali sami marangkang | nurut kukusing bêdhil | wong ing Balambangan | ngagêm tulup lan upas | samya awantêr ing jurit | têmpuhing yuda | lir ombaking jaladri ||
44. lindhu awor kang yuda wus long-linongan | pangamuke wong Bali | lir banthèng kabranan | kadi macan tanaya | kalakung angigit-igit | wadya Mataram | prayêtna anadhahi ||
45. lêmbing tulup pasêr tiba kadi udan | wong Mataram kèh mati | sigra anarajang | angawaki priyoga | pangamuke ngobat-abit |
--- [f. 275r] ---
para sêntana | sadaya aningali ||
46. ya ta Pangran Prigalaya wus uninga | yèn kang raka ajurit | Radèn Padurêksa | anulya tinulungan | sigra umangsah ing jurit | para sêntana | sadaya angawaki ||
47. wong Mataram tangkêpe angamuk rampak | bêndhenira tinitir | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | gamrudug syaraning bêdhil | surak gumêrah | kadya rubuh kang langit ||
48. wus anêmpuh wong Balambangan kèh pêjah | wong Bali kathah mati | muwah wong Mataram | akèh mati ing upas | pasêr tiba lir garimis | wadya Mataram | akèh bingung tan eling ||
49. pangamuke wong Bagêlèn alyir setan | wong Bali kadya bêlis | wong Bali kèh pêjah | kari dawa tumbannya[50] | gêgaman ganjur pakolih | yèn putung ika | pinacêp landhêp malih ||
50. wadyèng Bali Balambangan kathah pêjah | yudanira kalindhih | pan sami lumajar | angusi kithanira | sampun sinapih ing wêngi | wadya Mataram | kaburu sami bali ||
51. Jêng Pangeran Silarong ika tumingal | wadyane akèh mati | tinulup ing upas | sigra nulya tumêdhak | kang mati dipun sepaki | waras sadaya | kang kênèng tumbak mimis ||
52. ênêngêna wontên ta ikang kocapa | sêntana
--- [f. 275v] ---
ing Matawis | anênggih kang putra | Pangeran Prigalaya | kalakung dados wêwêri | anèng Mataram | pan karyane mêmaling ||
53. jêjuluke Rahadèn Wăngsakartika | sêkti gènnya mêmaling | wasis karya jinah | tate matèni jalma | kalakung dadi wêwêri | wadya Mataram | tan ana ikang wani ||
54. pan binucal anèng nagri Pasuruhan | Radèn Wangsakartèki | anèng ing Mataram | angrêrusuhi jaman | pan sampun miyarsa warti | yèn rayinira | kêkalih tumut jurit ||
55. sigra mangkat anungsul mring pabarisan | ajujug ikang rayi | panggih lan arinya | Rahadèn Padurêksa | uninga nulya ngabêkti | batên anyana | kakang kapanggih ngriki ||
56. ikang raka aris ing pamuwusira | isun têtanya yayi | paran juritira | ikang rayi aturnya | kawalahên ing ajurit | wadya Mataram | akathah ikang mati ||
57. yèn mêngkono yayi ing karsa manira | isun milu ajurit | sokur sun matia | aja wèt anèng dunya | awirang têmên ningali | mring sanak iwang | sêntana ing Matawis ||
58. angur isun matia anèng paprangan | isun amuke wêngi | yayi musuhira | wong Bali Balambangan | dene sira sun bubuhi | lamun raina | sira amuka yayi ||
59. sampun rêmbag kang rayi lawan kang raka | ikang raka [ra...]
--- [f. 276r] ---
[...ka] apamit | kang rayi turira | kula botên tumuta | kang raka ngampah kang rayi | lah yayi aja | dudu sabamu wêngi ||
60. sigra mangkat Rahadèn Wangsakartika | sampun prapta ing biting | biting linompatan | wus lumêbêt sêmana | anulya ingamuk wani | wong Balambangan | gègèripun sawêngi ||
61. apuyêngan wong jro biting salang tumbak | padha batur pribadi | wong Bali kèh pêjah | miwah wong Balambangan | angamuk datan kaèksi | bangun raina | Wangsakartika mulih ||
62. nanging maksih gègère taha-tinaha | malah tumêkèng enjing | pan sampun raina | nulya nata gêgaman | akarsa apulih gêtih | liwung ing nala | bature akèh mati ||
63. sigra mangsah wong Mataram wus uninga | apan sampun miranti | nulya nêmpuh ing prang | wong Bali lan wong Jawa | bêdhilira sarêng muni | lir pendah gêlap | lela mariyêm muni ||
64. lêbu malêtuk pêtêng dhêtdhêt alimêngan |[51] bumi agonjang-ganjing | Radèn Padurêksa | angamuk mring payudan | pangamuke ngobat-abit | numbak anigas | wangke susun atindhih ||
65. mayid Bali lan mayid ing Balambangan | lawan mayid Matawis | pan tumpang-tinumpang | wong aprang kathah pêjah | wong Balambangan wus miris [mi...]
--- [f. 276v] ---
[...ris] | tatane rusak | wus bubrah bosah-basih ||
66. Radèn Padurêksa tandange lir yaksa | sinasog mring wong Bali | pan nora rinasa | upama panjang putra | sinasog ing gadhong pari | wong Balambangan | pêrange wus kalindhih ||
67. lir andaka pêrange Ki Padurêksa | sarira kuthah gêtih | pangagone basah | wong Bali sampun bubar | ya ta kasaput ing wêngi | mundur kang yuda | sakèhe wong Matawis ||
68. pan wong Bali Balambangan lakung susah | manahira atitrim | prang raina kalah | kathah longe kang pêjah | yèn wêngi dipun amuki | akathah pêjah | gègère sabên wêngi ||
69. kang anama Rahadèn Wangsakartika | pangamuke ing wêngi | Radèn Padurêksa | pangamuke raina | mila wong Bali atitrim | wong Balambangan | pan sami anglalosi ||
70. prajurite sêmana akathah pêjah | gêgêdhene wus mati | iya kalih pisan | wong Bali sampun sirna | kang urip alalos mulih | wong Balambangan | bubarira ing wêngi ||
71. byar raina wong Mataram wus uninga | yèn musuhe wus gusis | anulya têngara | angajak ngrasang kutha | karsane abêboyongi | sampun lumampah | wong cili jêjarahi ||
72. Ki Mas Kêmbar sêmana [sêma...]
--- [f. 277r] ---
[...na] sampun kapêdhak | sigra dipun cêkêli | pan sampun binêsta | wong cili binêdholan | wong dalêm wus dèn boyongi | yèn ana băngga | wasisan dèn patèni ||
73. Balambangan pan samya ngusi ing arga | ajar kang dipun usi | wastane punika | nênggih Ajar Saloka | wong Mataram anututi | akathah pêjah | dèn amuk datan pulih ||
74. sampun katur mring Pangran Silarong ika | ya ta kinèn ngugahi | kang para sêntana | anulya ingugahan | samya angêbat mring ngigil | wong Balambangan | pan sampun dèn tumbaki ||
75. Kyai Ajar Saloka nulya kapêdhak | sigra cinêkêl wani | pan sampun binasta | binêktèng pasanggrahan | ingaturakên tumuli | Ajar Saloka | jêjêr tan arsa ligih ||
76. Adipati Prigalaya panasbaran | ki ajar dèn parani | jinêglong aniba | ajar sampun asila | Ki Prigalaya linirik | yèn angucapa | wong iki liwat luwih ||
77. Jêng Pangeran Silarong asru ngandika | hèh sira ki wêwasi | dahwe lakunira | ngukuhi musuh iwang | mêngko sira sun patèni | ajar angucap | pan nora sun gisiri ||
78. taha isun atapa salah balila | apan isun dèn usi | amapag ing pêrang | pan karêpe priyoga | nadyan sun tumêkèng pati | măngsa bakala | wus karsane Yyang Widi ||
--- [f. 277v] ---
79. Balambangan lanang wadon binêdholan | siji tan ana kari | miwah Ki Mas Kêmbar | binêkta mring Mataram | saksana bubar kang baris | wong bêboyongan | lumampah anèng ngarsi ||
80. tan kawarna laminya anèng ing marga | sampun prapta Matawis | lajêng asewaka | dhumatêng pagêlaran | sri bupati sampun mijil | kang nglurug prapta | prasamya awotsari ||
81. sampun katur sasolahira ayuda | dhatêng sri narapati | hèh ta Mêrtalaya | Si Kêmbar uculana | mêsakake bocah cili | pan milu apa | Mêrtalaya wotsari ||
82. ulihêna mring nagara Balambangan | ngayumana kang kari | nyandhanga supata | yèn balilaa mringwang | aja anêmahi bêcik | wus sinupatan | ingatêrakên mulih ||
83. sigra bubar sri narendra sinewaka | kandhêg ing srimanganti | sigra saradula | tinimbalan wus prapta | nulya majêng awotsari | nuwun panduka | sang nata ngandika ris ||
84. kaya ngapa polahe ta ariniwang | kang tinanya wotsari | gih rayi panduka | tangkêpipun awignya | sarêng risaking ajurit | Ki Padurêksa | angawaki pribadi ||
85. pangamuke lir macan angsal bayangan | batên pasah ing wêsi | wong Bali kèh pêjah | watên sadulurira | kang mangsah
--- [f. 278r] ---
ngamuk ing wêngi | Wangsakartika | punika wastanèki ||
86. pan karuwun putranipun Prigalaya | ikang dados wêwêri | kang paduka bucal | dhatêng ing Pasêdhahan | punika ikang ajurit | wong Balambangan | kawonipun ing wêngi ||
87. saradula têlas ature sadaya | lèngsèr sri narapati | malêbèng kadhatyan | tan winarna sêmana | sampuning alami-lami | ing dina Soma | sri nalendra dyan mijil ||
64. Mijil
[Wadya Mataram lumurug dhateng Sumedhang kaliyan Ngukur. Nagri Ngukur kaliyan Sumedhang bedhah. Adipati Sumedhang dados boyongan Mataram.[52]]
1. amawi kampuh sri narapati | abusana kaot | apêpaès lir Parta baguse | kang wong mulat samya lênglêng brangti | duk miyos tinangkil | upacara mêthuk ||
2. kang lumampah ngarsane nrêpati | cèrèt lan pangidon | prangmadani anjrah pawohane | puh jênggi kandhaga sawunggaling | banyak dhalang kering | cêpuri nèng pukur ||
3. orêg kabèh sagunge kang nangkil | bêbisik punang wong | sri narendra ika busanane | pan luwihi sagung ikang nangkil | sakèh pra dipati | tumukul artakut[53] ||
4. lamun ana mêmadha nrêpati | pangagone kang wong | kinèn mundur dening ing kancane | sinung basa tan wruh ing prayogi | undurnya adingkik | wus têbah lumayu ||
5. wus asalin nulya nangkil malih | warnanên sang katong | wus pinarak ing singasanane | asung sipta sakèhe
--- [f. 278v] ---
kang nangkil | sagung para mantri | aligih tumukul ||
6. tan ana syara ikang kumrisik | miwah kang kêkayon | datan ana obah sakathahe | têkan pêksi tan ana kumrisik | kêmasan lan gêndhing | lawan manuk êngkuk ||
7. mung puniku ikang angunèni | pinirsa dening wong | lakung rêsmi karungu syarane | wus dangu pinarak sri bupati | gènira tinangkil | ngandika sang prabu ||
8. amariksa kathaning ajurit | Balambangan kang wong | sapa ikang amajok[54] jurite | sami matur kang umiring jurit | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||
9. kang nadhahi pangamuking Bali | jêjênêng sang katong | Padurêksa kang majok jurite | wontên sadhèrèkipun satugil | kang ngamuk ing wêngi | lakung sêktinipun ||
10. pun Wangsakartika wastanèki | ngandika sang katong | iku sapa mêngkono jênênge | dening isun ta durung udani | sigra awotsari | kang dinangu matur ||
11. kriyin anakipun paman aji | Prigalaya kang wong | ikang dados wêwêri nagrine | rumiyin kang sêkti lampah maling | katur paduka ji | rumuhun tinundhung ||
12. angandika alon sri bupati | wong sêsanak anom | lamun nora nana pakewuhe | anglakoni lara lawan pati | yèn têmahing jurit |
--- [f. 279r] ---
iku wani lampus ||
13. alah sira timbalana aglis | sebaa maringong | lan si adhi Padurêksa mangke | sun jujung luguh iya Dipati | Têpasana adi | ngabèi ranipun ||
14. ajajara sagung sêntanèki | sèwu ligihnya wong | pra sêntana angastrèni kabèh | sigra jêngkar sang nata tinangkil | malêbèng jro puri | para garwa mêthuk ||
15. kawarnaa laminya ing mangkin | midhangêt sang katong | ing Sumadhang Ngukur pambalike | lakung dukane sri narapati | wus miyos tinangkil | wadya gung supênuh ||
16. para mantri wus samya udani | yèn duka sang katong | mukanira konjêm siti kabèh | lakung ajrih ing sri narapati | tan ana kumrisik | prasamya tumukul ||
17. sêmu duka sang nata dènnya ngling | dhatêng wadyanya wong | ing Sumêdhang lan ing Ngukur mangke | ikang wani mring isun abalik | gêcêkên tumuli | sanêgara Ngukur ||
18. para tumênggung mangkata aglis | lan sabalanya wong | lurugana ing Ngukur dèn age | lan tumpêsên sakathahing jalmi | sok lananga ugi | aja na kang kantun ||
19. wong bumija iridên dèn aglis | numbakanyar kang wong | lan wong sèwu iku sakancane | iya adunên besuk ajurit | lawan wong pasisir | milua
--- [f. 279v] ---
anglurug ||
20. para mantri kang kinèn wotsari | ngandika sang katong | lamun kalah wong Ngukur jurite | lah tumpêsên aja na kang kari | kang kinon wotsari | sigra nêmbah mundur ||
21. wus lumampah sakathahing mantri | wong Bagêlèn kulon | wong bumija mêtu nêgarane | wong pasisir kulon dèn utusi | prasamya prajangji | Banyumas akumpul ||
22. kawarnaa pan sampun apanggih | gêgaman agalong | ing Banyumas goning kumpul kabèh | wus arêmbug bubar para mantri | tan kawarnèng margi | wus prapta ing Ngukur ||
23. wong pasisir êlor dèn barisi[55] | wong Banyumas kulon | wong Bagêlèn kidul barisane | wong bumija wetan dèn barisi | wus atêmu jurit | kuthane kinêpung ||
24. ing wong desane wus dèn bayongi | ikang lanang kang wong | pinatenan pan têkan larene | arsa angamuk datan kuwawi | wong kutha atitrim | malah kongsi kuru ||
25. sampun rêmbag niyakèng Matawis | ngrasang kutha kang wong | pra dipati mantri rêmbug kabèh | sigra akèn atêngara aglis | gêgaman wus mijil | sarêng akatipun ||
26. wong jro kutha ramya èstri nangis | gègèr jaba awor |
--- [f. 280r] ---
bupatine wus mênthil atine | prajurite tan kêna tinari | wus angrasa mati | budinipun tagung ||
27. wong Mataram samya anglêbêti | wong kutha ariyon | ikang wani tan rêmbug bature | kang mangsah sèkêt sawidak mati | sigra alêbêti[56] | wong kutha tinumpu ||
28. Adipati Sumêdhang wus kêni | binasta punang wong | sajroning kutha binayongan kabèh |[57] gêdhe cili datan wontên kari | wus ginawa mijil | tangisira umyung ||
29. wong ing Ngukur kang dipun patèni | cacah sèwu kang wong | sampun bubar sadaya barise | tan kawarna lampahirèng margi | wus prapta Matawis | katur mring sang prabu ||
30. pan ing Ngukur sampun kawon jurit | èstri ambaboyong | sampun tumpês sadaya lanange | lakung tusthane sri narapati | tan winarnèng kawi | ya ta sang aprabu ||
31. salaminya sultan madêg aji | kadhatone roro | ing sagara kidul satugile | Nyai Kidul kagarwa nrêpati | mila sri bupati | kalih puranipun ||
32. Ni Rara Kidul puniku pêri | parayangan kang wong | apan dudu manusya jatine | nanging têrah manusya kariyin | putraning wong sêkti | ikang asêsunu ||
33. duk pêputra apan lagya brangti | mulat mring wong wadon | sarêng korud putra lan putrine | saking karsaning Yyang Kang Linuwih | rasanya [rasa...]
--- [f. 280v] ---
[...nya] anunggil | dadi Nyai Kidul ||
34. kajêng sultan karsa acangkrami | bubar sing kadhaton | Pamancingan sinêdyèng kalbune | sampun prapta têpining jaladri | kang prayangan pêri | sadaya amêthuk ||
35. nyai rara pan sampun lumaris | amêthuk sang katong | êjim pêri padha ngiring kabèh | nampani ampilan nèng pasisir | sang nata kinanthi | dening Nyai Kidul ||
65. Kinanthi
[Kanjeng Sultan Mataram pepanggihan kaliyan nyai rara Kidul.[58]]
1. upacarane sang prabu | tinămpa dene ing pêri | sarupane upacara | pêri ikang anampani | manusya datan uninga | gêgawane dèn gêntèni ||
2. sadaya sami gêgêtun | kawarnaa sri bupati | lumampah kêkanthèn asta | sampun lumampah jaladri | kadi ngambah ing dharatan | sakêdhap datan kaèksi ||
3. dening wadyabala agung | atembak pigir jaladri | sami wontên Pamancingan | ênggone nganti ing gusti | kawarnaa sri narendra | anèng têngahing jaladri ||
4. prapta ing kadhaton sampun | alun-alunya arêsik | wancak sujine salaka | galedheganipun wêsi | botrawi angapit lawang | binatur sela cêndhani ||
5. pêpêthetan pigiripun | sêkare tulya angrawit | sêkare awarna-warna | pala gumantung adadi | sami ngêmohi sadaya | sawanèh kêmbang
--- [f. 281r] ---
apêntil ||
6. sri nalendra nulya laju | kandhêg ing witana asri | siniwi jim parayangan | bangsal pangrawitnya adi | sêsaka sami tambaga | sirapnya salaka putih ||
7. binabatur ing parunggu | ing luhur salaka putih | palênggahaning witana | sami kancana kinardi | pinatik ing nawa rêtna | lêluhure sutra putih ||
8. cinêplok kancana wungu | pinatik ing rêtna adi | kadi thathit aliwêran | dinulu lir lintang ngalih | palataran sinêbaran | sêsotya kang alit-alit ||
9. Nyi Rara Kidul umatur | dhatêng kang raka nrêpati | sultan panduka katuran | pinarak sajroning puri | sri narendra sampun bubar | sigra migah ing sitigil ||
10. kajêng sultan nulya laju | pinarak ing dalêm puri | alênggah kathil rinukma | saosan sampun sumaji | nyai rara tan atêbah | aligih sira sumandhing ||
11. pasareyan kêndhung-kêndhung | pinalisiran cawêni | cinêplok ing nawa rêtna | buntare mawi kêkitir | rênyêp-rênyêp alyir lintang | kadya kasyargan angalih ||
12. sultan migah jinêm arum | nyi rara tansah kinanthi | sampun prapta pasareyan | sêmana sami aguling | tutug gènnya sacombana | wus bêdhah kutha ing Mêsir ||
13. Nyai Kidul sigra matur | dhatêng kang raka nrêpati | kawula atur uninga | dhumatêng paduka aji | mèh
--- [f. 281v] ---
puput jênêng panduka | wontên karsane Yyang Widi ||
14. nanging kantun kalih usum | panduka yèna suwawi | pindhaha saking Mataram | atilara wadya mantri | putra kalihan sêntana | muwah garwa sri bupati ||
15. pasthi panduka pukulun | igih batên angêmasi | dhatêng ahir jaman pisan | gumujêng sri narapati | kamangkara sira mirah | gènira asih mring kami ||
16. kaya ngapa mirah isun | yèn kalakona angalih | dening saking marmanira | ya tarima isun yayi | mendah ucape ing jaman | ngaliha saking Matawis ||
17. sakèhe lêluhur isun | pinêtêk anèng Matawis | wong Jawa yutan awêndran | sêbute duk têksih urip | pan isun jatining jalma | pasthine kalamun mati ||
18. sakathahe kang tumuwuh | iya wijil saking jalmi | êjim pêri parayangan | miwah setan lawan iblis | tan padha lawan manusya | sakèhe ikang kumêlip ||
19. amiyarsa Nyai Kidul | pangandikane nrêpati | akèh karasa ing nala | sumukêm sarwi anangis | angrasa yèn kabênêran | datan bisa anauri ||
20. sang dyah nangis pangkonipun | sêsambate ngasih-asih | umatur dhatêng kang raka | dhuh kakang Sultan Matawis | amba gusti anênêdha | dadosêna jalma malih ||
21. pan panduka ratu agung | trusing tingal tur asêkti | kasusra ing tanah Jawa [Ja...]
--- [f. 282r] ---
[...wa] | yèn panduka ratu adi | sakalir kang pangruwatan | tan watên angkêr kang sungil ||
22. panjênêngan sang aprabu | apan sampun dèn idèni | saking nêgari ing Mêkah | ing Jawi tan wontên tandhing | jumênêng Sultan Mataram | sagung ratu sami ngabdi ||
23. amba ruwatên pukulun | pan kawula asal jalmi | sri narendra angandika | dhuh agèr pan nora kêni | wus pasthi karsaning Sukma | datan kêna owah gisir ||
24. dening sira lamun tuhu | asaling manusa dhimin | ing besuk ari kiyamat | sira nunggal lawan mami | sang dyah anangis alara | sêsambate amlasasih ||
25. akathah sêsambatipun | sumungkêm pakoning laki | sarwi anyêkêli asta | dhuh kakang Sultan Matawis | ruwatên sarira amba | kapengin dadosa jalmi ||
26. sang nata aglis anulung | anyêndhal cindhe sumampir | sang dyah pan sampun ingêmban | rinungrum ingarih-arih | binêkta marang ing taman | ngidêrakên sarwa sari ||
27. totonan asri dinulu | bêbatur salaka putih | binacingah ing kancana | jambangan gêdhah ngidêri | binatur salaka pêthak | gêdhah biru gêdhah abrit ||
28. lir kasyargan yèn dinulu | warnane kang taman sari | warnanên sri naranata | kang tansah angarih-arih | dhatêng sang dyah ayu rara | kang tansah dèn pituturi ||
29. sang dyah ayu nulya lipur |
--- [f. 282v] ---
binêkta kondur sang dèwi | pinarak bale kancana | tinatrapan ing rêtna di | tinurut ing nawa rêtna | pigire dhinandhang gêndhis ||
66. Dhandhanggula
[Kanjeng sultan Agung ing Mataram séda. Pangéran Arya Mataram anggentosi jumeneng nata, ajejuluk kanjeng susunan Amengkurat. Pangéran Alit kabujuk déning Pasingsingan supados malik tingal dhumateng kanjeng susunan Amengkurat.[59]]
1. warnaning rêtna pating parêlik | kajêng sultan pinarak kalihan | sang dyah liyangan pakone | mring raka sang aprabu | sarya mucang sang mindha Ratih | sang dyah tansah ingaras | dhatêng sang aprabu | sang rêtna kongah-kangihan | sarya mèsêm umatur maring sang aji | dhuh kakang sri narendra ||
2. igih amba ngaturi prayogi | kagêngan dalêm dhuwung wasiyat | sakêmbaran ikang tulèn | pun Sêngkêlat puniku | kabucala salah satugil | kawula ikang ngraksa | watên samodra gung | sampun makèwêdi lampah | yèn panduka kinarsakakên Yyang Widi | mantuk ing rahmatulah ||
3. pasthinipun punika dèn waris | rêrêbatan dadya tanah Jawa | kêkalih ing nrêpatine | pasthi kalamun rusuh | ewad-èwêd bala Matawis | satêmah pêpêrangan | dados jagat rêtu | jêng sultan alon ngandika | iya bênêr karsanira iku yayi | pemutira maringwang ||
4. besuk isun bucale satugil | sira mirah ikang rumêksaa | Si Sangkêlat anèng kene | lah wis kantuna masku | isun mêdal saking jaladri | inganti wadyaniwang | sun mulih Matarum | Ni Rara [Ra...]
--- [f. 283r] ---
[...ra] Kidul tur sêmbah | amba tumut andhèrèk panduka aji | yèn sampun praptèng pura ||
5. amba mantuk dhatêng ing jaladri | kajêng sultan kang garwa ingaras | sarwi kinanthi astane | sigra sang nata kondur | ginarêbêg êjim lan pêri | kang bêkta upacara- | nira sang aprabu | yèn tinon pating galêbyar | ikang ngampil nanging datan na kaèksi | lumampah nèng samodra ||
6. sri narendra kadya ngambah siti | tan adangu rawuh Pamancingan | wong Mataram taksih andhèr | kagyat sarêng andulu | rawuhira sri narapati | sagunge upacara | tinampanan sampun | mring wadyabala manusa | gènnya pasrah datan pae lawan jalmi | nanging tan katingalan ||
7. bayu badra lesus kang angiring | pacawura[60] wus sirêp sadaya | wangsul maring samodrane | gumêrah syaranipun | sabên-sabên sri narapati | cangkrama mring samodra | gilir mring Nyi Kidul | kang ngadhaton nèng samodra | pan mêngkana kondure saking jaladri | ingiring păncawura ||
8. sapraptane dharatan sang aji | nitih gêrbong wau akalihan | nanging tan kadulu ngakèh | sagung wadya Matarum | datan wontên ikang udani | kalamun nyai rara | mugèng gêrbong wau | akalihan lawan sultan | lakung rêmit lampahe tinon wadya lit | datan kawarnèng
--- [f. 283v] ---
marga ||
9. rawuh kadhaton sri narapati | alon umatur wau nyi rara | gusti kawula mit mulèh | sang nata ngandika rum | sarya ngaras awanti-wanti | sun mirah tilarana | gantèn ikang arum | sun karya têtamba brăngta | sang dyah jiwit Nyai Kidul mring sang aji | lamis têmên si jênat ||
10. atur gantèn sang dyah saking lathi | tinampanan dening sri narendra | tinarimèng ing wajane | ingaras sang lir santun | wanti-wanti tan kêna tangkis | lèsèr saking ngayunan- | ira sang aprabu | sang nata anut ing tingal | sang dyah nolih wus lêpas datan kaèksi | warnanên sri narendra ||
11. angadhaton pinêthuk ing cèthi | para garwa amêthuk sadaya | wus prapta ing dalêm gêdhe | laminya tan kawuwus | sajênênge Sultan Matawis | apan sampun pêputra | kalih samya jalu | ikang sêpuh rajaputra | kêkasihe Pangeran Arya Matawis | sampun amawi krama ||
12. asal putranira Pangran Pêkik | Surapringga panggih naking-sanak | Ratu Pandhan patutane | putra kang anèm wau | kêkasihe Radèn Mas Alit | punika dèrèng krama | apan maksih timur | Ki Tumênggung Danupaya | kang agadhuh[61] maring Radèn Êmas Alit | wontên Kadanupayan ||
13. winuwusa wau [wa...]
--- [f. 284r] ---
[...u] sri bupati | sarawuhira saking samodra | wus kalih warsa lamine | jangkêp ing pemutipun | Nyai Kidul maring sang aji | marêngi karsani Yyang | gêrah sang aprabu | datan arsa ingusadan | para garwa atap angadhêp sang aji | alon dènnya ngandika ||
14. Wiraguna kang kinèn nimbali | tan adangu wus praptèng ngayunan | sang nata alon dêlinge | Wiraguna sirèku | lumakua marang jaladri | labuhên kêris iwang | Si Sangkêlat iku | buwangên maring samodra | iya aja iku angewuh-ewuhi | iya sapukur iwang ||
15. aja kongsi ana ratu kalih | yèn maksiha roro kang wasiat | pasthi dèn waris karone | rêbutan madêg ratu | dadya rusuh ing tanah Jawi | Wiraguna tur sêmbah | sampun tampi dhuwung | lèngsèr saking ing ngayunan | tan winarna Wiraguna lampahnèki | prapta pigir samodra ||
16. ngadêg anèng pigiring pasisir | Wiraguna sigra mring samodra | sarya pinandhi dhuwunge | ya ta watên kadulu | alun agêng wau dhatêngi | gênge sagunung anak | kagyat duk andulu | Ki Tumênggung Wiraguna | dyan binucal dhuwung Ki Sangkêlat aglis | maring sajro samodra ||
17. alun agêng wau kang nampani | sarya gêntêr patêr păncawura | gumêr kang bayubadrane | alun katut ing lesus | pan sakêdhap datan kaèksi | ya ta Ki Wiraguna | apan nulya kondur [ko...]
--- [f. 284v] ---
[...ndur] | lampahe datan kawarna | sampun prapta ngarsane sri narapati | Tumênggung Wiraguna ||
18. Wiraguna matur awotsari | sampun katur ing sapolahira | duk watên ing samodrane | jêng sultan manthuk-manthuk | sampun têlas aturing rèki | kajêng sultan sinundhang | dening para arum | sang nata aris ngandika | Wiraguna pêpêkên sêntana mami | miwah uwa Purbaya ||
19. apadene putranisun kalih | Wiraguna tur sêmbah duk mêdal | datan kawarna lampahe | kang tinimbalan wau | Panêmbahan Purbaya prapti | muwah para sêntana | putra kalih rawuh | jêng sultan alon ngandika | Panêmbahan Purubaya dèn bisiki | mila uwa ngong undang ||
20. manira uwa wus praptèng jaji | wus pinasthi prapta ngajal iwang | sihi[62] Yyang prapta ing mangke | uwa dèn pênêd kantun | pan manira botên mêmêling | măngsa bodhoa dika | amamong kang kantun | manira sampun pracaya | Panêmbahan Purbaya waspane mijil | sarya lon aturira ||
21. sapa sitên kang yogya nguyuni | ing Mataram sapukur panduka | jêng sultan pangandikane | lah uwa karsanisun | yèn panuju lan dika benjing | putu dika Ki Arya | Mataram puniku | andika karya pusaka | pan puniku ikang tuwa putra mami | mung Ki Arya Mataram ||
22. dening putu dika Ki Mas Alit | gih milua mukti [mu...]
--- [f. 285r] ---
[...kti] nèng Mataram | jêng sultan têlas wêlinge | Gunung Mrapi gamlêdhug | udan salah măngsa dhatêngi | samodra lir kinocak | ing sagara kidul | jêng sultan nulya sinundhang | sampun mampad sri narendra ing Matawis | tangis umyung gumêrah ||
23. para garwa miwah para sêlir | putra kalih anyungkêmi pada | jro pura gumêr syarane | gègèr puyengan umyung | sêsambate wong jroning puri | akathah piniyarsa | lakung kawlasayun | ya ta wau kawarnaa | ikang layon jêng sultan wus dèn sirami | lajêng nulya ngulêsan ||
24. ki pangulu sampun dèn timbali | kêtib modin wus prapta sadaya | kang layon sinalatake | sampuning prahat wau | ikang layon mugèng ing kathil | binêkta pra ulama | mring astana sampun | kang para garwa karuna | tan kawarna layon wus prapta Magiri | sampun manjing kaluwat ||
25. kang amêtêk sampun bubar mulih | kawarnaa wau jroning pura | pra garwa kathah solahe | samya awayang-wuyung | sakalakung gènnya mlasasih | Pangran Arya Mataram | kang tansah rinubung | dening ibune sadaya | miwah sêlir pêpingitan sami nangis | sêsambate mlasarsa ||
26. sêngkalannya ingetang ginêndhing | bujăngga magih[63] catur anata |[64] poma èngêtêna kabèh | ya ta ikang winuwus | pra pugawa samya anangkil | kêrig wongdya[65]
--- [f. 285v] ---
Mataram | anèng alun-alun | para mantri magêlaran | myang satria angrêmbag badhe nrêpati | mila mêpêk sadaya ||
27. kawarnaa panêmbahan nênggih | Purubaya wus prapta pasowan | alênggah ing dhêdhampare | pangandikanira sru | wong Mataram wruhaning rèki | nêgara ing Mataram | isun kang paluguh | nora nanane sang nata | iya isun kang marentah ing Matawis | sapa ikang malanga ||
28. lah têkakna karosanirèki | sarupane sêntana Mataram | isun musuhira kabèh | pra sêntana tumukul | miwah para dipati ajrih | mantri takut sadaya | tan wontên kang purun | mring Pangeran Purubaya | samya anut tan ana suwalèng karsi | mring Pangran Purubaya ||
29. Panêmbahan Purubaya aglis | ikang wayah anulya cinandhak | Pangran Arya Matarame | linigihakên sampun | ing dhêdhampar gadhing rinukmi | kasur babut sinulam | linigihan sampun | Jêng Pangeran Purubaya | sigra lèngsèr pinarak lan pra dipati | ajajar lan sêntana ||
30. sakathahe mantri ing Matawis | tan anyana Pangeran Purbaya | lamun mêngkono karsane | dadya saya atakut | sakathahe wadya Matawis | jumurung karsanira | tan wontên kang nyêndhu | muwah kang para sêntana | sêpuh anèm sadaya samya ngastrèni | dhatêng sri naranata ||
31. sayid sarip miwah para aji | pra pandhita ngastrèni sadaya | pangulu kêtib mèrbote |
--- [f. 286r] ---
pandongane jumurung | yèn Pangeran Arya Matawis | dadya natèng Mataram | amêngku kadhatun | jêjuluk Kanjêng Susunan | Amêngkurat Senapati Ngalaga Di | jêjuluk Ngabdulrahman ||
32. Sayidina Panataagami | wong Mataram pan atrap sadaya | miwah pra dipati kabèh | măncanêgara takut | wong pasisir prasamya ajrih | tan winarna laminya | gènnya madêg ratu | ing Mataram bangun karta | wus kasusra ing tanah sabrang nrêpati | ratu tanpa sisihan ||
33. tan winarna laminya ing makin | sri nalendra arsa sinewaka | ing dina Soma mangsane | upacara wus mêthuk | sri bupati anulya mijil | ginarêbêg badhaya | gunge pitung lajur | sami lumampah ing ngarsa | samya ngapit upacaranira asri | kuthuk lawan lantaran ||
34. kêkacu mas lawan sawunggaling | kacapuri gandhèk mugêng ngarsa | ardawalika jajare | waos ampilanipun | samya ngapit ing kanan kering | pêdhang lawan sêrampang | kang parêk sang prabu | magêrsarine akapang | tawok tulup panah tamèng lawan tamsir | amyang kang tumbak sulam ||
35. priyataka mugèng ngarsa têbih | saragêni ajajar atarap | gandera ngapit margane | sang prabu wus tumurun | ing sitigil lampahnya aris | dhatêng bangsal Witana | pagêlaranipun | wus pinarak ing dhêdhampar | sri narendra warnane tuhu apêkik | prabu taksih taruna ||
36. cahyanira sang nata [na...]
--- [f. 286v] ---
[...ta] nêlahi | warnanira lir pendah sêsăngka | mêntas kagrahanan têrange |[66] riyêm-riyêm asêmu | cahya wênês lir mas sinangling | lir Yangyang Kamajaya | sêdhênge tumurun | saking syarga maring donya | wong Mataram sadaya awêdi asih | mring Sang Prabu Mêngkurat ||
37. kang sewaka ngapit kanan kering | ing wuri gêdhong lawan Kaparak | lan wong Pamajêgan andhèr | lakung asri dinulu | Jagabaya ing kanan kering | sisih wong Nyakragnyana | Pinilih sumambung | Kartiyasa Wisamarta | lan Miyangga Udamaga sisihnèki |[67] Katagung[68] jajarira ||
38. Wirabraja seba wus asisih | Brajanala miwah Patrayuda | Kanoman ika jajare | Gandhèk seba nèng ngayun | mantri anom rada kapering | lan wong Singanêgara | sisih Martalulut | Margăngsa Gawong jajarnya | Suranata kapering jajar lan Carik | Niyaga wuri wetan ||
39. lan wong gamêl ing ngarsa kapering | pan punika anangkil sadaya | pra dipati ngarsa kabèh | sêntana pinasêpuh[69] | Jêng Pangeran Purubayèki | Pangeran Silarongan | wau jajaripun | lan Pangeran Prigalaya | Têpèngsana Prawiratruna anangkil | lan Pangran Martapura ||
40. Pangeran Pugêr sampun anangkil | jajarira Pangeran Balitar | Pangeran Mangkubumine | lan Wiramênggalèku | Têpasana Sebajayèkti | lawan Kusumayuda | Dêmang Malangipun | lan Radèn Wiranêgara | Wirasari lawan [lawa...]
--- [f. 287r] ---
[...n] Radèn Wiramantri | Radèn Wiradipura ||
41. pan punika sêntana nrêpati | têksih kathah ikang kalakungan | para mantri tanbuh kèhe | Tumênggung Singaranu | pan punika pêpatih jawi | anambungi sêntana- | nira sang aprabu | numbakanyar sinambungan | wong pasisir sadaya sami anangkil | miwah măncanêgara ||
42. ikang sadhèrèk sri narapati | Jêng Pangeran Alit namanira | Danupaya pamomonge | ajêjuluk tumênggung | cinarita Pangeran Alit | dawêg kumala-kala | ika wayahipun | nanging dèrèng mawi krama | pan wus anangkil mugèng ngarsa nrêpati | jajar para sêntana ||
43. angandika alon sri bupati | lah sakèhe wong isun Mataram | padha anyithaka kabèh | ing mangke karsanisun | kutha Karta isun alihi | sun karya kutha bata | Palèrèd ing besuk | ing tilase kanjêng rama | sun tan purun iku arsa ngong isêri[70] | karya yasa priyoga ||
44. lan maninge isun mirsa warti | Balambangan pan agung dèn rêbat | dening wong Bali wartane | iya Si Tawangalun | kang lumayu ngungsi ing Bali | eyang dika pikira | ing sapênêdipun | punapa dadosa lampah | alon matur Panêmbahan Purbayèki | igih anggèr sandika ||
45. sigra Pangeran Purbaya angling | Singaranu paran rêmbug para | miwah pra dipati kabèh | payo uruna atur | Singaranu umatur aris |
--- [f. 287v] ---
igih măngsa boronga | panduka pukulun | panêmbahan angandika | yèn bêcike payo linakonan malih | amatah pra dipatya ||
46. sri nalendra angandika malih | hèh Tumênggung Wiraguna sira | lawan Si Danupayane | karo sira ngong utus | angluruga bang wetan malih | miyanga Balambangan | ya Si Tawangalun | iku sira kênakêna | apan iku kang rêmbug lawan wong Bali | Wiraguna tur sêmbah ||
47. Pangeran Purbaya matur aris | yèn suwawi lan karsa sang nata | yèn rencang watên unggule | pinindhahan sadarum | botên sande ing benjing malih | agèr dasdos[71] bêncana | sapangigêlipun | sri narendra angandika | igih eyang măngsa bodho kang lumaris | pênêde binoyongan ||
48. sampun jêngkar sang nata tinangkil | wus malêbêt marang dalêm pura | warnanên para mantrine | Tumênggung Singaranu | pan wus undhang mring wong Matawis | padha sira nyithaka | Palèrèd gènipun | aturing mantri sandika | kawarnaa Tumênggung Wiragunèki | sampun sami adadan ||
49. pasisir miwah măncanêgari | ingutusan kinon asaosa | wus jinangji patêmone | Ki Wiraguna sampun | sakancane anuwun pamit | nanging tan winiyosan | marang sang aprabu | pan kinèn mangkat kewala | nulya budhal Tumênggung Wiragunèki [Wi...]
--- [f. 288r] ---
[...ragunèki] | Tumênggung Danupaya ||
50. sakancane pan sampun lumaris | Wiraguna lawan Danupaya | miwah mantri panêkare | kalawan ki tumênggung | ing Mataram ika tinuding | mring pasisir sadaya | ikang jaga laut | kinèn sami prayitnaa | mung dipati ing Sampang datan lumaris | taksih anèng Mataram ||
51. tan winarna kang anglurug mangkin | kawarnaa kang kantun nêgara | pra dipati sadayane | akarya kutha sampun | wong Mataram anambut kardi | ênêngêna sêmana | gênti kang winuwus | Pangeran Alit kawarna | duk pinarêk ing dalêmira siniwi | Tumênggung Pasingsingan ||
52. umarêk dhatêng Pangeran Alit | anakira wasta Agrayuda | amung puniku rewange | pun Pasingsingan matur | kadospundi panduka gusti | dhatêng eca kewala | kawula anuhun | ing mangke paran kang karsa | raka dalêm sampun jumênêng nrêpati | panduka têka eca ||
53. jêng pangeran arya ngandika ris | apan isun tan nêdya mangkana | mring kakang êmas jênênge | iya sanak ngong sêpuh | pan prayoga jumênêng aji | gêntèni kanjêng rama | wong Mataram rêmbug | apan iya sanak tuwa | Pasingsingan yogya ingong kabêktini | iku gêntine yayah ||
54. Pasingsingan umatur wotsari | adhuh gusti agèr kamangkara | jêng panduka pangandêle | pangraos [pangra...]
--- [f. 288v] ---
[...os] amba iku | datan eca panduka gusti | dening tingal kawula | panduka pukulun | sinami kalih kawula | botên pantês sadhèrèke sang nrêpati | têksih nglampahi lara ||
55. pan kawula atas mirsa warti | wêwêlinge rama jêngandika | ing Mataram sapukure | kinèn sami apatut | pan paduka kinèn amukti | sosoraning narendra | ing mangke pukulun | panduka têksih anistha | têksih sami kalihan mantri Matawis | punika atur amba ||
56. raka dalêm yèn sêdya abêcik | pan panduka sinung kawibawan | linuhurakên ligihe | kitên amba pukulun | dipun dalih ngèwêd-èwêdi | mila ujuk kawula | gusti mangke mupung | wong Mataram kathah kesah | ikang kantun pan sami anyambut kardi | kathah kang wong ngrasula ||
57. lan malihe kawula akait | kalih mantri Mataram sasigar | kados kawula kajênge | samangsane pukulun | jêng paduka nidaki[72] jurit | pasthi tumut kewala | rencang aparêmbug | kamanisên Pangran Arya | Pasingsingan aja atari mring kami | isun darma angapa ||
58. ataria mring lêlurah mami | lah pikirên rêmbuge sadaya | wong akèh paran karêpe | Ki Pasingsingan muwus | ing lêlurah myang para mantri | kadipundi sadaya | pra lurah amuwus | igih lêrês jêngandika | sampun tita pangajêng-ajênge [pa...]
--- [f. 289r] ---
[...ngajêng-ajênge] kang sih | susunan ing Mataram ||
59. jêng pangeran angandika aris | yèn mêngkono iku karsaniwang | nanging ta dipun arèrèh | sun pikire rumuwun | lan maninge ana sun anti | si bapa Danupaya | lagi lunga nglurug | nêmbah matur Pasingsingan | kadêr pintên angantos tiyang satugil | mumpung ing kala măngsa ||
60. pan kawula ing mangke puniki | apan sampun dipun kira-kira | dening wong Mataram kabèh | winastanan ajujung | mring paduka madêg narpati | yèn botên tumuntêna | pan kawula lampus | susunan sampun miyarsa | apratela yèn amba abêbotohi | angangkat mring panduka ||
61. igih ing atur kawula gusti | mring panduka yèn suwawi karsa | kawula purih silibe | sêmăngsa-măngsanipun | katungkula wadya Matawis | kula amuk kewala | sing pasohan kidul | igih gusti jêngandika | lamun wontên gègèr wadya ing Matawis | tuwan sampun salaya ||
62. jêng pangeran angandika aris | Pasingsingan apa karêpira | isun têka milu bae | Ki Pasingsingan matur | agèr sampun sumêlang galih | paduka dèn pracaya | mring amba pukulun | arsa mêdal pirêmbagan | Pasingsingan manêmbah anulya amit | mantuk mring wismanira ||
63. tan kocapa Pasingsingan nênggih | kawarnaa Pangeran Purbaya | seba mring kadhaton age | umarêk [uma...]
--- [f. 289v] ---
[...rêk] mring sang prabu | sampun prapta sajroning puri | nulya atur uninga | ingandikan sampun | sapraptanira ngajêngan | ya ta ligih ing ngarsanira nrêpati | sang nata angandika ||
64. lah ta eyang wontên karya gati | kadingarèn malêbêt ing pura | pangeran alon ature | kawula asung wêruh | rayi dalêm Pangeran Alit | kala mangke ngabêna | dening pun Tumênggung | Pasingsingan ikang ala | rayi dalêm pinrih puruna nrêpati | angrêbat palênggahan ||
65. lamun botên sinuwuk tumuli | rayi dalêm pêsthi kababaran | igih punika têmahe | pun Pasingsingan baud | igih rayi dalêm narpati | dèrèng wruh ing wêweka | wantu taksih timur | tinuturan ing wong ala | pasthinipun punika dhatêng nuruti | amêngsah mring paduka ||
66. sri nalendra kumêdut kang lathi | amiyarsa ature kang eyang | duka sajro ing kalbune |[73] ya ta ngandika asru | lah ta eyang ing karsa mami | yèn têmên ikang warta | iku karsanisun | Si Tumênggung Pasingsingan | pinatenan wiyahèna yèn tan mati | amêsthi dadi gêndra ||
67. jêngandika eyang benjing enjing | mêdalana karya pababatan | Pasingsingan bubuhane | pan sampun sami nambut | Pasingsingan mangke yèn prapti | nuntên dika suduka | tugêlên dhasipun | Jêng Pangeran Purubaya | tur sandika arsa mêdal [mêda...]
--- [f. 290r] ---
[...l] atur pamit | ya ta dhatêng sri nata ||
67. Sinom
[Tumenggung Pasingsingan dipunpejahi. Pangéran Alit malik tingal dhumateng kangjeng susunan Amengkurat.[74]]
1. Jêng Pangeran Purubaya | wus mêdal saking jro puri | para mantri ing Mataram | sadaya sampun winangsit | prasamya ngati-ati | datan kawarna ing ênu | enjang malih kocapa | panêmbahan sampun mijil | mring pabatan jênêngi wong nambut karya ||
2. sagunge wadya Mataram | sakeca anambut kardi | ing sapêrnah-pêrnahira | nêngêna ika rumiyin | Pasingsingan winarni | apagunêman puniku | kalihan putranira | Agrayuda wus winêling | alah poma kulup sira angaria ||
3. lan sakulawangsanira | poma dèn samêkta sami | sakapraboning ayuda | dene isun kang rumiyin | namur anambut kardi | bêbata paseban kidul | ing mêngko wan-awanan | wong bêbata yèn wus mulih | sun kokoni sira dèn agêlis prapta ||
4. lawan sagêgamanira | sarupane aja kari | sasampunira mêmêkas | ki tumênggung sigra mijil | saking wismaning rèki | prapta ing paseban kidul | Tumênggung Pasingsingan | lampahe adingkik-dingkik | ngulap-ulap kang nambut karya winawang ||
5. Panêmbahan Purubaya | apan ta sampun udani | mring Tumênggung Pasingsingan | punika kang lagya prapti | pan sampun dèn pasangi | wus pêrak nulya cinêluk | Tumênggung Pasingsingan [Pasingsing...]
--- [f. 290v] ---
[...an] | sira ligiha ing ngriki | Pasingsingan sigra lumampah mring ngarsa ||
6. para mantri kinêjepan | sampun uninga ing wangsit | nulya sarêng anêrajang | Pasingsingan dèn suduki | tan kongsi amalêsi | kêrisira datan kunus | Pasingsingan palastra | wadyane kang ngiring-iring | ebat mulat sami lumayu sadaya ||
7. wus tinigas murdanira | nulya jinambak cinaking[75] | sampun sira winadhahan | ngaturkên pangeran aglis | panêmbahan agipih | umarêk dhatêng sang prabu | sarta bêkta mastaka | nêngêna ikang rumiyin | kawarnaa Agrayuda anèng wisma ||
8. sampun katuran uninga | yèn kang rama sampun mati | mustakanipun tinigas | pêjahe dipun suduki | Agrayuda anangis | karsane bela angamuk | sampun ngrasuk busana | nuriga kris wus kulambi | sigra nyandêr Agrayuda ngagêm watang ||
9. kulawangsane tinata | apan ta ical nèng margi | Agrayuda kadhewekan | wus prapta ing păncaniti | pan sampun dèn rakiti | Agrayuda sigra ngamuk | apan ta katadhahan | kuwat pira wong sawiji | Agrayuda patine nèng pamagahan ||
10. wus tinigas jangganira | kocapa sri narapati | sampun ngaturan uninga | Pasingsingan sampun mati | Agrayuda [Agra...]
--- [f. 291r] ---
[...yuda] nusuli | pêjah anèng alun-alun | mustaka wus tinigas | sang nata tumulya mijil | sri narendra sinewa nèng sitibêntar ||
11. sang nata sampun pinarak | bangsal witana nèng ngigil | Panêmbahan Purubaya | sampun marak mring nrêpati | mastaka wus cinaking | pan ingaturakên sampun | jêng susunan ngandika | dhatêng paliwara èstri | sira Tajêm timbalana ariniwang ||
12. adhimas sira undanga | isun lami tan pêpanggih | kangên têmên kang sarira | lawan sapindhahe malih | isun dadi nrêpati | durung aduwe kadhatun | mêngko lagi akarya | si adhi sun kon jênêngi | iya isun dèn karyakêna kadhatyan ||
13. Nyai Tajêm sigra mintar | tan asuwe nulya prapti | ing dalêm Kadanupayan | pangeran sampun manggihi | nulya dhawuhkên aglis | kawula agèr ingutus | ing raka jêngandika | sampeyan dipun timbali | dèn aegal suwawi paduka dangdan ||
14. mila panduka ngandikan | igih dikakkên jênêngi | wong Mataram karya kitha | sigra pangeran agipih | kampuhan sigra mijil | kapal sumaos nèng ngayun | anulya tinitihan | sigra kuda cinamêthi | sêsandêran kapale kajêng pangeran ||
15. tan amawi upacara | tan asuwe nulya prapti | ing alun-alun tumêdhak |
--- [f. 291v] ---
sigra migah ing sitigil | prapta ngarsa nrêpati | pangeran sampun aluguh | sigra sri naranata | mustaka sampun cinangking | dèn ucalkên[76] ing ngarsane arinira ||
16. lah iku adhi rupanya | kang arsa jujung sirèki | Pangeran Kadanuyan |[77] sigra nulya narik kêris | mustaka dèn tadhahi | cinacah-cacah ing dhuwung | sarwi sira ngandika | dening angèmbèt-èmbèti | Pasingsingan patine tigal pocapan ||
17. apan isun nora sêdya | amusuh mring kakang aji | têka sira agêgawa | mati têka nora mati | têka ngrarendah kami | jêng susunan sigra muwus | lah adhi kaya ngapa | ujarira iku adhi | jêng pangeran umatur sarya manêmbah ||
18. igih kakang mas kawula | tan anêdya kang kayèki | balila dhatêng panduka | sampeyan dados nêrpati | gêntosi rama aji | sinêmbah ing wadya agung | dununge sêmbah amba | anglês manahe sang aji | lah yayi mas kêrigên lêlurahira ||
19. lan maninge ariniwang | kaya ngapa sira iki | ujarira sun piyarsa | alêngkara sahing ati | kang rayi awotsari | Pasingsingan polahipun | amba datan uninga | igih karsane pribudi[78] | ila-ila kawula purun panduka ||
20. wus lèsèr saking ngayunan | pangeran kondur agipih | wus rawuh ing dalêmira | lêlurahe dèn timbali | sadaya [sada...]
--- [f. 292r] ---
[...ya] sampun prapti | sakèhe lêlurahipun | wastane kang atuwa | Ănggapatra Ănggapati | Ănggayuda kalawan Ki Patrayuda ||
21. Astrabaya Astranăngga | kalawan pun Astrapati | kalihan Astrawêdana | Wiralodra pan anênggih | punika angabêni | sosorane ing tumênggung | sampun pêpak sadaya | pangeran ngandika aris | lah sakèhe lêlurah isun sadaya ||
22. lah mêngko sira sun gawa | pinundhut dening sang aji | sun ladèkakên sadaya | lêlurah samya wotsari | kawula nuhun gusti | lamun kawula pinundhut | ing raka jêngandika | pasthi kawula yèn mati | jêng pangeran alon dènnya angandika ||
23. pan isun datan uninga | ing karsane kakang aji | buh matia buh uripa | pan isun datan udani | ingong tan uningani | ing karsane kakang prabu | tan kawasa lênggana | lêlurah samya wotsari | aturira samya lênggana sadaya ||
24. adhuh gustiku pangeran | batên wande angêmasi | yèn panduka aturêna | pasthi yèn kawula mati | yèn amba sampun lalis | kadospundi gustinisun | agèr polah panduka | kang abdi yèn wus nêmahi | lêlurahe sami anangis sadaya ||
25. kang anèng jaba miyarsa [miyar...]
--- [f. 292v] ---
[...sa] | ing jêro umyung kang tangis | nulya malêbu sadaya | wus prapta milu anangis | sadaya angaturi | adhuh gusti sampun asung | ya ta Ki Ănggapatra | Ănggayuda Ănggapati | sakancane pan sarêng matur sadaya ||
26. dhuh gustinisun pangeran | punapaa kajêng gusti | yèn kawula sampun pêjah | panduka kantun ing wiking | punapa taksih mukti | maksih jumênêng wong agung | ing pangraos kawula | amba yèn sampun ngêmasi | pan panduka anggèr măngsa sêlayaa ||
27. anjêngêr datan ngandika | miyarsa aturing abdi | kèwêdan sajro wardaya | pangran angandika aris | ing mêngko paran pikir | kabèh sira ingong tantun | para lurah tur sêmbah | ing mangke panduka gusti | sampun umung panduka botên balila ||
28. yèn suwawi sinabilan | karsane sri narapati | pan sampun kawula jangka | yèn panduka masah jurit | wong Mataram sapalih | pan sampun sami arêmbug | samăngsa tumindaka | panduka mangsah ing jurit | wong Mataram sagahe balik sadaya ||
29. jêng pangeran angandika | yèn mêngkono wus abêcik | lah ta payo adangdana | sakapraboning ajurit | ênêngêna [ênêngê...]
--- [f. 293r] ---
[...na] rumiyin | kocapa mangke sang prabu | dangu pangantinira | mring kang rayi nèng sitigil | nganti-anti asuwe tan ana prapta ||
30. sri narendra angandika | mring mantri jêro kêkalih | sawiji Andakawana | siji wasta Ki Sumêngit | lah mintara dèn aglis | egalêna arinisun | payo sira susula | asuwe isun antèni | dyan Sumêngit Andakawana tur sêmbah ||
31. mudhun malayoni kuda | sigra tinitihan aglis | lampahira sêsandêran | tan asuwe nulya prapti | Kadanupayan aglis | kalihnya sampun tumurun | Ki Sumêngit angucap | lah cêkêlên kuda mami | isun kinèn nimbali kanjêng pangeran ||
32. Sumêngit lumêbêt sigra | ing paregolan ningali | gêgaman jêjêl akathah | Sumêngit manahnya miris | iki ta bêbayani | èstu yèn pambalikipun | ngangên-angên ing nala | kaya ngapa isun iki | yèn matura mring sang nata nyata ala ||
33. apan durung babak bunyak | sapa angandêl mring kami | katon angadoni rasa | pasthi isun dèn patèni | nadyan têkènga pati | nglakoni pakoning ratu | sigra lumêbêt sira | Sumêngit amiyak baris | pan ingandhêg dene ikang tugu lawang ||
34. Sumêngit asru
--- [f. 293v] ---
angucap | mêngko aja angadhangi | manira iki dinuta | dening kanjêng sri bupati | nimbali kanjêng gusti | mêngko mandhêga karuwun | isun atur uninga | tumulya matur ing gusti | igih watên utusan raka andika ||
35. angegalakên panduka | kawula andhêg ing kori | jêng pangeran angandika | lah paran karsaning rèki | pra lurah awotsari | sadaya sarêng umatur | suwawi pinêjahan | sampun kantos tur upêksi | pamrih amba sampun age kawênangan ||
36. sampun mupakat sadaya | jêng pangeran sigra mijil | sampun angrasuk busana | sapraptanira ing jawi | Sumêngit wus kaèksi | wadya kinêjepan sampun | apan lagya angucap | Sumêngit anênimbali | tinarajang sinuduk saking ngiringan ||
37. Sumêngit kagyat anjola | sêdhèt nulya narik kêris | sampun kinarubut kathah | datan olih amalêsi | Ki Sumêngit wus mati | Ki Andakawana ngrungu | rame sajro paseban | Sumêngit dipun patèni | nugang kuda sigra turăngga kinêtab ||
38. kuda mamprung sêsandêran | tan asuwe nulya prapti | ing ngarsane sri nalendra | matur sarya kêmpis-kêmpis | kawula nuhun gusti | rayi panduka sang prabu | èstu pambalikira | pan sampun amêpêk baris | abdi dalêm pun Sumêngit pinêjahan ||
--- [f. 294r] ---
39. wau sawiking kawula | sampun lumampah kang baris | karsanipun angamuka | dhumatêng panduka gusti | ajêngêr sri bupati | gènnya amidhangêt atur | aris kang pangandika | lah eyang Purubayèki | kadipundi putu dika tan mundura ||
68. Durma
[Dipati Sampang dipunperjaya déning pangéran Alit. Pangeran Alit kaperjaya déning tiyang Mandura. Wadya Mataram dipunpandhégani tumenggung Wiraguna lumurug dhateng Balambangan sarta Bali. Nagri Balambangan sarta Bali dipunbedhah wadya Mataram.[79]]
1. Panêmbahan Purubaya aturira | sampun karsane Widi | igih rayi tuwan | tan kêna sinawalan | saking tiwase pun kaki | datan kèdhêpa | pitutur angaturi ||
2. lah ta eyang mangke yèn si dhadhi[80] prapta | èstu angantêp jurit | gih paran kang karsa | prayogane ing lampah | nanging sampun têkèng pati | pitên layaknya | pêpati ing Matawis ||
3. atusana ya ewona wadyaniwang | dèn amuk mring si adhi | aja na anglawan | dèn kêpunga kewala | sun prih têka ngarsa mami | mênawi kêna | sun pituturi ririh ||
4. sampun mêdal panêmbahan undhang-undhang | dhatêng wadya Matawis | samya tur sandika | ênêngêna sêmana | warnanên Pangeran Alit | sampun lumampah | sawadyanya angiring ||
5. jêng pangeran wêrnanira kadi bangbang | mudhun saking ing ardi | anyamping samboja | panisêt cindhe kêmbang | rasukan baludru wilis | murub rinenda | lancingan panji-panji ||
6. ajamang mas kinatipa tinatrapan | jimat mail rinakit | dhuwung anyuriga [anyuri...]
--- [f. 294v] ---
[...ga] | Setankobêr wastanya | gumrudug lampahing baris | prapta ing pasar | gègère tan sinipi ||
7. jêng pangeran aris dènnya angandika | hèh sakèhing pawèstri | aja na kang obah | têka apêpasara |[81] măngsa ngaraha wong èstri | pan karsaniwang | kang sun rêbut wong cili ||
8. sampun prapta jêng pangeran pangurakan | dangu gènnya anganti | ing wadya Mataram | kang sampun sêsêmayan | pangeran ngandika aris | hèh wong Mataram | padha angapirani ||
9. sagupane sêmăngsa isun ngamuka | mingêr milu ing kami | mêngko padha cidra | ya ta wong pangeranan | uninga yèn wong Matawis | cidra ngubaya | prasamya anglalosi ||
10. winatara botên lakung kawan dasa | wadyane ikang kari | pangeran ngandika | paran sun yèn mundura | pan wus karsane Yyang Widi | sigra umangsah | sawadya ngamuk wani ||
11. wong Mataram baris ngalun-alun aglar | nulya dèn trajang wani | kang kaparag bubar | tan ana ikang nglawan | mung bature kang kapêncil | wong pangeranan | kang sami dèn patèni ||
12. lêlurahe sami darbèni pangrasa | pan samya anglolosi | wau kawarnaa | dipati ing Mandura | sigra gènnya malayoni | ing karsanira | angaturi prakawis ||
13. sampun prapta ngarsane kajêng pangeran | padanya dèn [dè...]
--- [f. 295r] ---
[...n] sukêmi | aris aturira | dhuh gustiku pangeran | ing mangke ta kadipundi | karsa panduka | kados mêkatên gusti ||
14. pan paduka dening asalah balila | amusuh mring raka ji | nêgari Mataram | igih kagêngan tuwan | kang jumênêng ing Matawis | raka panduka | sampeyan tumut mukti ||
15. raka jêngandika gêgêntos sudarma | amba gusta[82] ngaturi | panduka kondura | sampun kados punika | punapa têmahe gusti | awon kapirsa | ing nagri liyan gusti ||
16. jêng pangeran aris dènnya angandika | Sampang aja baribin | isun kapakêna | pan wus karsaning Sukma | pan isun datan gumisir | talitiniwang | yèn bèbèting Matawis ||
17. nora nana ikang cidra ing wacana | yèn wis ujare uwis | tan wêdi matia | Sampang lah wis mundura | aja sira amalangi | Dipati Sampang | ature ngasih-asih ||
18. datan mamak isun lamun kakang êmas | kang jumênêng Matawis | aja juwêt sira | Sampang lah wis mundura | Dipati Sampang pan têksih | angrangkul pada | tansah angasih-asih ||
19. jêng pangeran sampun liwung ikang manah | sigra anarik kêris | hèh Sampang ta sira | dening paksa kèdhêpa | anulya dipun larihi | cêcêngêlira | Dipati Sampang mati ||
20. pra sêntana Mataram gêgêr sadaya | nèng
--- [f. 295v] ---
sandhaping waringin | loring pagêlaran | Pangeran Silarongan | waskitha gènnya ningali | Dipati Sampang | lamun sampun ngêmasi ||
21. angandika mring sagung wadya Mandura | gustimu wus ngêmasi | gumuling nèng lêmah | ika sira rêbuta | wong Sampang awas ningali | sêntananira | mirsa sarwi anangis ||
22. wong Mandura kumêrab sami karuna | arsa arêbut gusti | pangeran uninga | yèn wong Sampang nêrajang | pan sampun angati-ati | lêlurahira | pan kathah ikang kari ||
23. wong sakawan kalima lan êmbanira | kanêm ikang kêkasih | pan talèdhèk priya | pangeran anêrajang | wong Mandura anadhahi | sinosog watang | kinarutug ing bêdhil ||
24. jêng pangeran pangamukira anêngah | lir Angkawijayèki | rinêbut ing yuda | dening Sata Kurawa | tinumbak ngarsa ing wuri | lêmbing brangkolang | suligi lir garigis ||
25. wong Mandura kathah longe ikang pêjah | kaprawasa ing kêris | pan kakehan lawan | pangeran karepotan | kêna ing dhuwung pribadi | bucêk satuma | pangeran angêmasi ||
26. wong Mataram kumêrab rêbut bêndara | pan sami aningali | kêkêtêg tan ana | lan tatu katingalan | bucêk sarira kaèksi | pangrasanira | pangeran nora mati ||
--- [f. 296r] ---
27. jêng pangeran binabayang mring pagongan | sagunge wong Matawis | kang sami rêrămpa[83] | ya ta para sêntana | atêbah jaja samya ngling | dhuh gustiniwang | sampun karsaning Widi ||
28. Jêng Pangeran Silarong sigra mariksa | apane ikang kanin | katur bucêk ika | pangeran angandika | bêndaraku lamun mati | adate kuna | Si Setankobêr dhingin ||
29. sok tibaa pucuke agawe răndha | ya ta wau kang lalis | jêng pangeran ika | layone wus binêkta | marang ing bangsal pangapit | katur sang nata | duka yayah sinipi ||
30. sigra miyos sang nata lan ibunira | kang rayi dèn tangisi | ibunya karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh gusti dika tingali | têtilar dika | tan kêni dèn tuturi ||
31. adhuh nyawa têka nêmahi palastra | anak isun mas gusti | sira kaprawasa | dhuh kaya ngapa êmas | sira nêmahi pribadi | Pangran Purbaya | asru gènira angling ||
32. igih sampun punapa kang rinaosan | sampun karsaning Widi | pan putra andika | umure mung sapala | anulya dipun pênêdi | layon pangeran | warnanên sri bupati ||
33. angandika sang nata atungtung duka | sapa kang anangani | dening wong Mataram | padha alyirkên wêkas |
--- [f. 296v] ---
adhimas kangsi ngêmasi | sigra Pangeran | Silarong matur aris ||
34. apa dene wong Mataram kang tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami katrêsnan | dhatêng ing gustinira | dening pun dipati mati | sarêng narajang | saya supe gusti |[84]|
35. wadyèng Mandura kathah êlonge kang pjah | pun dipati ngêmasi | ya ta sri narendra | suka sajro wardaya | arènisun maksih cili | bela dipatya | mendah ta wusa akil ||
36. angandika sang nata ing wadyanira | adhimas sun belani | anulya pinêrang | sang nata bau kiwa | pasah ludira umijil | sang nata mojar | wus lêga ati mami ||
37. layonipun kang rayi dikakkên mêtak | ing astana Magiri | dagane kang rama | pan kocaping carita | sang nata adarbe ciri | gèthèk baunya | wêwasi kang rumiyin ||
38. duk Pangeran Silarong mring Balambangan | amatèni wêwasi | adarbe sêmaya | arsa amalês pêjah | yèn ana Ratu Matawis | gèthèk baunya | iku surup ngong benjing ||
39. ênêngêna Mataram wau kocapa | kang kinèn anglurugi | nagri Balambangan | Tumênggung Wiraguna | lampahira sampun prapti | tapêl watêsnya | Pasuruhan abaris ||
40. sakathahe pra mantri pêpak sadaya | sagung măncanêgari | Kyai Wiraguna | kang dadi [da...]
--- [f. 297r] ---
[...di] gêgunungan | Asmaradana Panumping | Ki Danupaya | samya mantri Panumping ||
41. ligihipun anunggal kalih sêntana | kang kinon angêmbani | mring Pangeran Arya | kinèn milu ngluruga | pan sampun tata abaris | dyan kawarnaa | wong Balambangan nênggih ||
42. wong jro kutha pan sampun obah sadaya | wong Bali wus bantoni | prapta Balambangan | saha paraboting prang | wus mêdal saking nêgari | ayun-ayunan | lawan wadya Matawis ||
43. Ki Tumênggung Wiraguna undhang-undhang | arsa angantêp jurit | ing dina Jumuwah | sampun apadadanan | mangkat praptèng têpis wiring | enjang kawarna | bêndhenira tinitir ||
44. wong Mataram sampun tata barisira | miwah măncanêgari | sampun tatan-tatan | tuwin wong Balambangan | pan sampun atata baris | kang dadi dhadha | gulang-gulang wong Bali ||
45. pangarêpe awasta Lurah Yabana | kalawan Panji Pati | pan sampun têngara | Tawangalun nèng kanan | Wiranêgara nèng wuri | wong pêpilihan | kang samya dèn tindhihi ||
46. têngaranya gumêrah wong Balambangan | miwah wadya Matawis | ramya têngaranya | sigra têmpuhing yuda | pangawat kanan la kering | abêbêdhilan | wong Bali [Ba...]
--- [f. 297v] ---
[...li] akèh mati ||
47. Panji Pati kalawan Lurah Yabana | pan arsa angawaki | anitir têngara | sigra gènnya nêrajang | wong Bali lan wong Matawis | têmpuhing yuda | ramya lir udan angin ||
48. sampun ilang tataning wong aprang jajar | tumbak bêdhil wus mati | arukêt kewala | rame pêdhang-pinêdhang | ana kang agênti kêris | sêndhal-sinêndhal | wanèh nigas ngakahi ||
49. lindhu awor riwut dening wong kabranan | kang waras anggulungi | marang ikang pêjah | pêpati ting jalêmpah | lir pendah babadan pacing | pating sulayah | wangke susun atindhih ||
50. wong Mataram kalindhih ing yudanira | dèn amuk ing wong Bali | alyir singa kurda | galak tan olih măngsa | pan kadya andaka kanin | kagila-gila | rêmpêg ngamuk ing jurit ||
51. nulya mundur wong Mataram tan puliha | kang mara mara mati | kang maju kabranan | tatanira wus bubrah | măncanêgara angisis | Ki Wiraguna | duka yayah sinipi ||
52. yèn balane angisis kathah kang pêjah | karsanira ngawaki | sigra atêngara | têtêg kaya butula | bêndhene tinitir-titir | mantri Mataram | sadaya angawaki ||
53. sigra mangsah Ki Tumênggung Wiraguna | wong Mataram samya jrih | lamun ta mundura | lir macan asêsuta | kang lumayu sami bali | pangantêp [pa...]
--- [f. 298r] ---
[...ngantêp] yuda | ajrih mundur sanyari ||
54. pangamuke wong Jawa kagila-gila | wong Bali akèh mati | pan karoban lawan | pan agung wong Mataram | dèn amuk kapati-pati | wong Balambangan | wong Bali akèh mati ||
55. wus kalindhih pêrange wong Balambangan | wong Mataram nyuraki | pan kadya ampuhan | lir obah kang pratala | ikang bumi gonjang-ganjing | rêg lindhu obah | kadya rubuh kang langit ||
56. Panji Pati kalawan Lurah Yabana | kalih sampun gumisir | yèn miyarsa surak | kalakung mirangira | kêrnanira lir sinêbit | nolih ing wutat | sigra angamuk malih ||
57. wong Baline winatara kathahira | karo bêlah kang kari | prasamya angucap | sêdhêng payo linawan | ngamuk aja na gumisir | sarwi angucap | payo barênga mati ||
58. wong Mataram uninga yèn binalenan | sigra para prajurit | sarêng gènnya mangsah | miwah măncanêgara | pan samya arêbut dhingin | anêmpuh yuda | wong Bali anadhahi ||
59. Panji Pati kalawan Lurah Yabana | pangamuke lir bêlis | ting barêkik samya | watangira dèn ikal | malêduk ikang nadhahi | putung akathah | nanging dipun [dipu...]
--- [f. 298v] ---
[...n] kathahi ||
60. ginêbugan ing bêdhil lawan landheyan | wau Ki Panji Pati | kinarubut kathah | pira ta kuwatira | wong siji dipun kathahi | pan sampun lêsah | Panji Pati ngêmasi ||
61. sira Lurah Yabana sigra narajang | atêmpuh padha siji | lan wong Panaraga | awasta Citrayuda | adangu ukih-ingukih | Lurah Yabana | kuwat dènnya anangkis ||
62. Citrayuda arosa panumbakira | watang putung atangkis | sigra linarihan | dening Lurah Yabana | jajanya anrus ing gigir | Ki Citrayuda | aniba nuli mati ||
63. Citratanu umiyat arine pêjah | nêrajang sawongnèki | Ki Lurah Yabana | kinêmbulan ing kathah | rinampog pating saluwir | Lurah Yabana | patine dèn jêjuwing ||
64. sirna larut wong Bali akathah pêjah | wong Balambangan ngisis | yèn wong Bali sirna | sadaya pan lumajar | pati-pati bêbêntusi | pating balêsar | samya angusi wukir ||
65. Tawangalun lumayu akêkadhalan | wong Mataram nututi | wus atilar kuda | nusup ing galagahan | kaparêng ngidêk parêcil | jumbul ajola | gajah dubilah mati ||
66. wong Mataram sêmana sampun kalingan[85] | dipatine satugil | Ki Wiranêgara | lumayu ngalor ngetan | palayune sipat kuping | arsa nusula | marang garwane ngili ||
67. wong Mataram apan samya abêbandhang | pangagone kang mati | kêris tumbak pêdhang |
--- [f. 299r] ---
prajurite kang pêjah | prasamya dipun bêciki | ikang prayoga | nulya pinêtêk sami ||
68. mantri Bali Balambangan kinêthokan | ya ta kasaput wêngi | sami masanggrahan | sadalu pirêmbagan | sadaya karsa angusir | mring kithanira | ing Bali dèn lurugi ||
69. Tawangalun kalawan Wiranagara | sami ngusi ing Bali | Kyai Wiraguna | asru gènnya ngandika | angatag mring para mantri | abêboyonga | jro kutha dèn barêsih ||
70. wus lumampah samya bêbayong sadaya | wong Balambangan ênting | sami kinarakad | cacahe kang ginawa | rongèwu dhomas anênggih | sawarnanira | cacah sirah winilis ||
71. Ki Tumênggung Wiraguna amiyarsa | warta saking Matawis | yèn Pangeran Arya | sampun seda ing rana | ngamuk mring raka nrêpati | pun Pasingsingan | kang karya setan bêlis ||
72. Ki Tumênggung Danupaya amiyarsa | kalakung dènnya titrim | anulya karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh pangeran gusti mami | sampun salaya | pun bapa banjut gusti ||
73. Kya Tumênggung Wiraguna pirêmbagan | lan sakancaning rèki | wong măncanêgara | samya rêmbag banjura | ambêdhah nêgara Bali | wong Balambangan | nagri Bali dèn usi ||
74. Tawangalun kalawan Wiranagara | padha ngusi mring Bali | ginêcêk wasisan | benjang ing Balambangan | datan wande dadya kardi [kar...]
--- [f. 299v] ---
[...di] | sampun mupakat | pra niyakèng Matawis ||
75. bêboyongan tinêngga dening wong kathah | mantri kang alit-alit | enjang kawarnaa | nulya nêmbang têngara | sigra bubar ikang baris | para dipatya | banjur nagri ing Bali ||
76. tan kawarna ing marga anulya prapta | satêpining jaladri | sagara anakan | sami kandhêg sadaya | kewuhan tan olih margi | ing karsanira | akarya uwot wêsi ||
77. pan alami nèng pasisir Wiraguna | warnanên nagri Bali | wus miyarsa warta | yèn arsa ingugahan | prasamya adangdan baris | pinatah-patah | kang mêtu ing pasisir ||
78. wus lumampah wong Bali jaga nglautan | wastane kang angirid | Ki Panji Arungan | palwane kathahira | satus samya isi baris | ênêngna sira | kocapa wong Matawis ||
79. ki tumênggung wau ikang tinênggênah | pra bupati pasisir | ajaga nglautan | alami gènnya ngambang | wong Bali tan amiyosi | ya ta katingal | palya akathah prapti ||
80. Kya Tumênggung Wiraguna pan tumingal | yèn wong Bali miyosi | sigra atêngara | nulya samya siyaga | layare wus dèn racuti | adhêdhayungan | sigra bêdhil-binêdhil ||
81. rowang mêngsah pan samya sudiranira | samya amarêpêki | palyane ginêlak | dhayung kalawan satang | kinarutug dening bêdhil | kari dadanan | wong Bali akèh mati ||
--- [f. 300r] ---
82. pambêlahe kathah pêjah ing sênjata | maksih sudirèng jurit | Ki Panji Arungan | ngadêg têngahing palya | pan têksih dipun bêdhili | sarêng aparak | lan palya ing Matawis ||
83. salang gèyèt canthèl-cinanthèl aramya | pêrang têngah jaladri | suraknya lir gêrah | ya ta wong Bali ika | pan samya ukih-mangukih | Panji Arungan | pambêlahe wus mati ||
84. dadanane pan sampun rêmuk sadaya | palya tan kêna osik | pan katut ing ombak | kinêpung palya kathah | Arungan dipun bêdhili | kêna ing lela | pacot[86] dhase gumilir ||
85. sarêng pêjah Arungan dhase tinigas | palyane dèn ugahi | wong Bali kèh pêjah | kamuk dening wong Jawa | sawanèh kèrêm jaladri | ikang agêsang | kawus tan ana wani ||
86. ênêngêna wong Bali ikang kocapa | ikang sami abaris | pigiring samodra | Tumênggung Wiraguna | arsa karya uwot wêsi | lami sêmana | kaparag ing gêgêring ||
87. Ki Tumênggung Wiraguna nandhang gêrah | asangêt dènnya sakit | pra mantri sadaya | sami apirêmbagan | karsanira bubar mulih | sampun mupakat | nulya bubar kang baris ||
88. sampun bubar datan kawarna ing marga | ing Balambangan prapti | sakèh bêboyongan | nahan dhingin nêngêna | gêgaman lumangkyèng[87] wuri |
--- [f. 300v] ---
Ki Wiraguna | sêmana amêmêling ||
89. lamun isun têka ing dina wêkasan | saêgon isun mati | aja sira gawa | mulih marang Mataram | ngêndi gonku angêmasi | sira pêtêka | măngsa piliha bumi ||
90. sun têtêdha mring Yyang kapindho utusan | yya mulih mring Matawis | rasane tiniwang | sanadyan sun uripa | gustinisun ing Matawis | măngsa karsaa | ngawulakkên mring kami ||
91. lan sakèhe anak putunisun benjang | yèn isun têkèng pati | apan pirang bara | yèn kinawulakêna | ing sring[88] Bupati Matawis | karana ngapa | wong suka lila pati ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.280. (kembali) |
2 | dheprok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.280, Pupuh 56.6.2). (kembali) |
3 | Tanggal: sirnaning pandhawa tinata ratu (AJ 1550). Tahun AJ 1550 jatuh antara tanggal Masehi: 31 Agustus 1628 sampai dengan 19 Agustus 1629. Lihat juga: Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 83.7.2–3; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 47.12.2–3. (kembali) |
4 | siniwakèng (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 115.28.2). Bandingkan: siniwèng (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 47.13.2). (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Mas Pêkik pêparabe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.16.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.17.3). (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kurung sami agêlar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.26.10); kurung samya agêlar (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.27.10); kurung prasamya gêlar (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 83.20.10). (kembali) |
7 | gêgêbale (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.31.3). Bandingkan: gagêbale (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.30.3). (kembali) |
8 | sasadara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.31.10). Bandingkan: sasadhara (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.32.10). (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sun kalahakên ing prang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.42.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.43.6); ingsun kalahi ing prang (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 47.48.6); tan sun kalahkên aprang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 83.35.6). (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sakathahe pandhita ing Jawi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 47.49.1); sakathahe kang adoh ing Jawi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.43.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.44.1). (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pasthi kalah maring lakinira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.43.2); pasthi kalah marang lakinira (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.44.2); pêsthi kalah marang lakinira (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 47.49.2). (kembali) |
12 | Terdapat koreksi, kata asli "pêjah" diganti dengan "bêdhah". Bandingkan: bêdhah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 71.46.10; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 21.47.10; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 47.52.10). (kembali) |
13 | gangsal (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.285, Pupuh 56.55.7). (kembali) |
14 | andonga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.285, Pupuh 56.55.8). (kembali) |
15 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.287. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lami kawularsa-arsa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 72.6.2); alami kularsa-arsa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 22.6.2). (kembali) |
17 | Tulisan Jawa tidak terbaca. Bandingkan: ngrantig (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.287, Pupuh 57.9.1). (kembali) |
18 | Bandingkan: bêndhe bêdhuge tinitir (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 72.10.1). (kembali) |
19 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.289. (kembali) |
20 | kanthaning (dan di tempat lain) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 49.7.6). (kembali) |
21 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.291. (kembali) |
22 | ngangsêg (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.291, Pupuh 59.6.7). (kembali) |
23 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.293. (kembali) |
24 | anggêcêk (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.293, Pupuh 60.9.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 25.9.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 75.9.7). (kembali) |
25 | pinaringkên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.294, Pupuh 60.12.4). (kembali) |
26 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.295. (kembali) |
27 | margăngsa (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 52.4.3). (kembali) |
28 | kamisêpuh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.295, Pupuh 61.4.8; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 52.4.8). (kembali) |
29 | panggêdhene (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.296, Pupuh 61.17.1; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 52.18.1). (kembali) |
30 | tintrim (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
31 | panganjur (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
32 | ginêcak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.297, Pupuh 61.24.5). Bandingkan: ginêcêk (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 84.15.5). (kembali) |
33 | karya. (kembali) |
34 | gurnat (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 84.22.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 52.30.9). (kembali) |
35 | ungkur-ungkuran (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.298, Pupuh 61.34.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 52.33.9). (kembali) |
36 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.299. (kembali) |
37 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: angin sangêt swaranya alwir bêdhil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 77.15.2); angin sangêt swara lir mriyêm muni (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 124.23.2). (kembali) |
38 | salomprèt (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.301, Pupuh 62.21.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 77.22.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 124.30.7). (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: mring sakathahing têtiyang pasisir (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 77.27.2); marang sira sagunge wong pasisir (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 53.31.2); sakathahe wau wong ing pasisir (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 27.27.2). (kembali) |
40 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus malatar mriyême dèn sulêdi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 77.31.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 27.31.1); wus malatar mariyêm dèn sulêdi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 53.35.2); wus mêlatar mariyêm dèn sulêdi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 85.24.2). (kembali) |
41 | amorod (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 77.33.5). (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya adus busana dèn buwangi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 77.44.2); gya asiram busana dèn buwangi (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 53.47.2); samya adus busana dèn kumbahi (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 27.44.2). (kembali) |
43 | masanggrahan (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 53.47.4). (kembali) |
44 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.304. (kembali) |
45 | anjangkung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.2.5). (kembali) |
46 | priyăngga (dan di tempat lain) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 28.4.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.4.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 86.4.1). Bandingkan: pribadya (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 54.4.1). (kembali) |
47 | Tanggal: wong apêrang anatasi buta kala (AJ 1551). Tahun AJ 1551 jatuh antara tanggal Masehi: 20 Agustus 1629 sampai dengan 9 Agustus 1630. Lihat juga: wong apêrang anatasing buta tala (AJ 1551) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.15.1); wong apêrang anatasi buta tala (AJ 1551) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 28.15.1); wong apêrang tinata jalma (AJ 1551) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 86.16.1). (kembali) |
48 | niyaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.305, Pupuh 63.24.1). (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: Bandingkan: pra niyaka pan samya bubar sadaya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.305, Pupuh 63.24.1); kang asowan wus sami bubar sadaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.23.1); ingkang sowan prasami bubar sadaya (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 28.23.1); kang sewaka wus samya bubar sadaya (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 54.25.1). (kembali) |
50 | tumbaknya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.307, Pupuh 63.49.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.48.4). (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lêbu mlêtuk malêdhug wanara galak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 78.63.1); lêbu mlêtuk malêdug wanara galak (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 28.62.1). (kembali) |
52 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.311. (kembali) |
53 | atakut (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.311, Pupuh 64.3.6). (kembali) |
54 | amojok (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 79.8.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 29.8.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 87.8.3). (kembali) |
55 | Terdapat dobel sandangan: barisi atau barise. (kembali) |
56 | anglêbêti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.313, Pupuh 64.27.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 79.27.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 29.27.5). (kembali) |
57 | Lebih satu suku kata: jroning kutha binoyongan kabèh. Bandingkan: wong wadone wus binoyong kabèh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 79.28.3); wong wadone wus tinawan kabèh (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 55.28.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 29.28.3). (kembali) |
58 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.314. (kembali) |
59 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.317. (kembali) |
60 | pancawura (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.317, Pupuh 66.7.2). (kembali) |
61 | anggadhuh (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.318, Pupuh 66.12.9). (kembali) |
62 | sihing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.319, Pupuh 66.20.3). (kembali) |
63 | manggih (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.320, Pupuh 66.26.2). (kembali) |
64 | Tanggal: bujăngga manggih catur anata (AJ 1458). Watak bilangan kata "catur" dalam sangkala ini tampaknya tidak tepat. Bandingkan: bujăngga manggih wisiking nata (AJ 1558) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.1.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 31.1.2). Tahun AJ 1558 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Juni 1636 sampai dengan 24 Mei 1637. Bandingkan juga: bujangga wêwalu tinata iku (AJ 1588) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 89.1.2–3). (kembali) |
65 | wadya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.320, Pupuh 66.26.6). (kembali) |
66 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: mêntas kagrahanan trange (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.11.3); mêntas kagrahan atrange (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 31.11.3). (kembali) |
67 | Bandingkan: lan wong magang yudamênggala anangkil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.12.9); lan wong magang yudamanggala anangkil (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 31.12.9). (kembali) |
68 | Katanggung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.321, Pupuh 66.37.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.12.10). (kembali) |
69 | pinisêpuh. Bandingkan: sêpuh-sêpuh (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 31.14.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.14.4). (kembali) |
70 | ingsêri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.321, Pupuh 66.43.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.18.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 31.18.9). (kembali) |
71 | dados (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.322, Pupuh 66.47.6). (kembali) |
72 | nindaki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.323, Pupuh 66.57.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.32.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 31.32.5). (kembali) |
73 | Bandingkan: duka sajroning manahe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 81.41.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 31.41.3); duka sajroning galihe (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 89.29.3). (kembali) |
74 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.325. (kembali) |
75 | cinangking (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.325, Pupuh 67.7.2). (kembali) |
76 | uncalkên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.326, Pupuh 67.15.9). (kembali) |
77 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Pangeran Kadanupayan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.326, Pupuh 67.16.3); Jêng Pangeran Danupaya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 90.16.3). (kembali) |
78 | pribadi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 90.19.8). (kembali) |
79 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.329. (kembali) |
80 | adhi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.329, Pupuh 68.2.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 32.2.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 82.2.1) (kembali) |
81 | Bandingkan: têkaa papa sara (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.329, Pupuh 68.7.4). (kembali) |
82 | gusti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.330, Pupuh 68.15.2). (kembali) |
83 | ngrêrămpa. Bandingkan: angrêrămpa (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 1.25.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 82.26.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 32.26.3). (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sadaya supe gusti (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 1.32.7); radèn rinêbut wani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 82.33.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 32.33.7). (kembali) |
85 | kelangan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 32.68.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 82.68.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 1.62.1). (kembali) |
86 | pocot (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 1.81.7). (kembali) |
87 | lumakyèng (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 82.91.5). Bandingkan: lumakwèng (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 1.85.5). (kembali) |
88 | Sri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.335, Pupuh 83.91.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 82.94.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 1.88.5). (kembali) |