Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 069–083)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 300v lanjutan] ---
69. Asmaradana
[Tumenggung Wiraguna lampus. Kadhaton Mataram pindhah dhateng Plèrèd winastan Purareja.[1]]
1. pra sêntana samya nangis | miyarsa wêwêkasira | alara-lara tangise | Ki Tumênggung Wiraguna | saya sangêt kang gêrah | manahe saya anglayung | sêdyane age matia ||
2. datan kawarna ing margi | praptèng Kadhiri lampahnya | sêmana amundhut laloh[2] | wus ingunjuk lalohira | ya ta wau winarna | nulya seda ki tumênggung | para sêntana karuna ||
3. kunarpa wus dèn bêciki | karsane sêntananira | layone ginawa mulèh | nanging kèwêdan ing manah | dening wêwêkasira | sigra ya utusan mantuk | ngujuki wikan sang nata ||
4. yèn Ki Wiraguna mati | kocapa
--- [f. 301r] ---
Ki Danupaya | kalakung sangêt sakite | Balambangan sampun bêdhah | sèwu kang bêboyongan | sigra ya utusan sampun | lampahe asêsandêran ||
5. datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Mataram | wus katur dhatêng sang katong | polahe nèng Balambangan | purwa dhatêng wêkasan | sri nalendra lakung bêndu | nulya karsa ya utusan ||
6. hèh ta wong Singanagari | Mêrtalulut lumakua | papagêna ing lakune | Si Tumênggung Wiraguna | jisime dèn pêndhêma | yèn kapapag ing dalagung | sanak putune sadaya ||
7. kang padha maksih aurip | iku padha patènana | utusan manêmbah lèngsèr | datan kawarna ing marga | lampahe sampun prapta | sadaya sampun kapêthuk | ajujug ing pamondhokan ||
8. anak putune kapanggih | sadaya wus sinudukan | pan kalih wêlas kathahe | sadaya wus sami pêjah | pinêtak anèng marga | Asmaradana winuwus | ambubarakên gêgaman ||
9. Ki Danupaya mirsèki | jisime Ki Wiraguna | pinêtêk nèng marga bae | kulawăngsa pinatenan | Tumênggung Danupaya | manahe saya anglampus | dadya asangêt kang gêrah ||
10. sigra amundhut jêjampi | Ki Tumênggung Danupaya | gêring kapit ing larane | awor [a...]
--- [f. 301v] ---
[...]
--- [f. 302r] ---
[...]
--- [f. 302v] ---
[...wor] trêsna ing pangeran | kawarna wus palastra | mila atêmahan lampus | laloh pan sampun inguntal ||
11. ki tumênggung wus ngêmasi | jisim pinêtêk nèng marga | tan kawarna ing lampahe | Tumênggung Asmaradana | prapta ing Taji raryan | pan sampun awêling atur | nanging boya tinimbalan ||
12. watên ing Taji alami | bêboyongan Balambangan | sêmana sampun angere | lami-lami ingandikan | Kyai Asmaradana | purwakanipun dinangu | nulya pinêjahan sira ||
13. tan winarna laminèki | sang nata jumênêng nata | sampun angalih kadhaton | ing Palèrèd puranira | winastan Purarêja | Mataram pamêwêhipun | murah kang sarwa tinumbas ||
14. wontên ta winuwus malih | panakawane limalas | sampun jinujung ligihe | Ki Ngabèi Wirapatra | kalakung sih sang nata | kinarya pêpatih wau | amarentah wong Mataram ||
15. ya ta kawarnaa malih | sri narendra ing Mataram | sampun akathah putrane | patutane Surabaya | nênggih putra kang tuwa | ginadhang jumênêng ratu | prabu anom ing Mataram ||
16. kang eyang têksih aurip | Jêng Pangeran Surabaya | anèng Mataram dalême | punika kang cinarita | Pangeran Surapringga | ngingu bakisar
--- [f. 303r] ---
tri iku | lami-lami dadi lanang ||
17. kalakung dipun kasihi | bakisar dening pangeran | sêmana pangandikane | lawas ingsun anèng dunya | apan durung tumingal | lan maning durung angrungu | ayam wadon dadi lanang ||
18. lawan warnane abêcik | Mataram tan ana memba | bakisar kaya mêngkene | isun tan layak darbea | pantês katur sang nata | bakisar iki ingingu | pantês ana jroning pura ||
19. Pangeran Surabaya ngling | dhatêng ikang para garwa | bakisar ing karsaningong | sun aturakên sang nata | Pangeran Surabaya | sigra akampuhan sampun | karsa saos mring jro pura ||
20. bakisar wus dèn ulêsi | ingulêsan sutra pêthak | Pangeran Surabaya ge | mangkat saking dalêmira | tan kawarna ing marga | prapta ing kadhaton sampun | kandhêg wijil paregolan ||
21. sampun katur mring sang aji | yèn pun paman Surapriga | umarak dhatêng sang katong | nulya kinèn nimbalana | tan adangu wus prapta | cundhuk lawan sang aprabu | alih ayun-ayunan |[3]|
22. Pangeran Surabaya ngling | matur dhatêng sri narendra | kawula igih sang katong | angunjukakên bakisar | mila katur punika | dening endah warninipun | purwane ikang bakisar ||
23. igih bakisar puniki | pawèstri [pa...]
--- [f. 303v] ---
[...wèstri] asale[4] kina | sampun sawulan lamine | lami-lami dados lanang | warnanipun apelag | mangke sagêd akuluruk[5] | katura dhatêng sang nata ||
24. sagêd nukma agêng alit | wêwekanipun anêlas | graita landhêp sêmune | Jêng Pangeran Surabaya | sampun kinèn mantuka | sêmana pan sampun kondur | kawarnaa sri narendra ||
25. enjing sang nata tinangkil | pinarak ing kamandhungan | taksih kagugu manahe | kang paman ing Surapriga | ngaturakên bakisar | pawèstri kawitanipun | lami-lami dadi lanang ||
26. sang nata èngêt ing galih | wirayate ing Mataram | susunan panjênêngane | tan liyan kang gêntènana | nanging putra kang tuwa | patutan Surabayèku | sri narendra angandika ||
27. marang sagung para mantri | mantri ing lêbêt kewala | hèh sakèhe mantri jêro | si paman ing Surabaya | wingi awèh bakisar | pan wadon kawitanipun | lawas-lawas dadi lanang ||
28. pangrasane ati mami | paman Surabaya ika | awèh pasêmon maringong | idhêp karêpe si paman | anake pan wanodya | ing mêngko uwis sêsunu | putune pan mêtu lanang ||
29. anak isun ki dipati | ing mêngko uwis diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | isun kinèn sèrèna | bakisar katur maringsun | pantês ana jroning pura ||
--- [f. 304r] ---
30. pan isun kinèn gumisir | putune kang jumênênga | mêngkono iku sêmune | si paman ing Surabaya | dene agege[6] măngsa | wong tuwa iku tan patut | agege têmên ing măngsa ||
31. sakathahe para mantri | lakung sami ajrihira | mirsa sang nata dukane | nulya lèsèr sri narendra | lumêbèng kênyapura | tan winarna laminipun | wong jêro kathah wêwarta ||
32. misuwur wong sanêgari | pangeran ing Surabaya | sampun miyarsa wartine | sang nata sangêt dukanya | marga saking bakisar | kalakung ing ajrihipun | tinarka atur sasmita ||
33. tan anyana tan angipi | darbe raos kang mangkana | sang nata salah tampine | dadya Pangran Surabaya | arsa marêk sang nata | atur pêjah gêsangipun | sarayate dipun bêkta ||
34. miwah ikang para rabi | sêntana jalu wanodya | pan binakta sadayane | pangeran ing Surabaya | sampun lumampah seba | ênêngêna ta karuwun | warnanên sri naranata ||
35. enjing sang nata tinangkil | dening mantri lan satriya | pêpêk pagêlaran andhèr | supênuh jêjêl malatar | dening sri naranata | pinarêk nèng sitiluhur | sang nata asêmu duka ||
36. ya ta kawarnaa malih | Jêng Pangeran Surabaya | karsanira arsa pepe | anak putune binêkta | miwah kang para garwa | wus prapta waringin kurung | sami asèlèh curiga [cu...]
--- [f. 304v] ---
[...riga] ||
37. awêtara kathahnèki | anak putune sadaya | miwah kang para garwane | anênggih sawidak papat | Pangeran Surabaya | mangrêpa-rêpa tumukul | pan sampun asrah ing Alah ||
38. mêngkana sri narapati | pinarak anèng dhêdhampar | kagyat ningali wong pepe | dening akèh tiningalan | wong ngêndi ika baya | nèng ngandhap waringin kurung | paran dèn pèpèkkên ika ||
39. hèh gandhèk pirsanên aglis | sapa kang apepe ika | lan iya sapa jênênge | lan apa ikang sinêdya | kang kinon awotsêkar | mudhun saking sitiluhur | lampahe amêmandhapan ||
40. tan asuwe sigra prapti | ing pêrnahe jêng pangeran | gandhèk nulya dhawuhake | pangandikane sang nata | Pangeran Surabaya | sampeyan pepe puniku | punapa atur paduka ||
41. pangeran sigra nauri | mila apepe manira | tur pêjah gêsang wiyose | lah wus matura sang nata | gandhèk wangsul malayya | prapta ngarsane sang prabu | wong gandhèk matur anêmbah ||
42. pukulun sri narapati | gih sampun amba pariksa | punika igih kang pepe | pun paman ing Surapriga | ngujukkên pêjah gêsang | katura dhatêng pukulun | kagyat manahe sri nata ||
70. Sinom
[Pangéran Surabaya ngaturaken pejah gesang dhumateng sinuhun ing Mataram.[7]]
1. kagèt miyarsa sang nata | dhatêng ature kang abdi | sri nalendra wus anduga | yèn kang paman darbe kapti | pan cinakra
--- [f. 305r] ---
ing galih | atur pêjah gêsangipun | kèndêl sri naranata | kèwêdan sajroning galih | pan karasa sang nata mring putranira ||
2. pikir sajroning wardaya | pinupus manah sang aji | kang jumênêng ing Mataram | amung isun ikang luwih | kang dadi senapati | tan liyan mung raganisun | upama sun samodra | kang ala lawan kang bêcik | apan kawot sang nata sigra ngandika ||
3. bocah gandhèk lumayua | sira timbalana aglis | si paman ing Surabaya | tumanduka ngarsa mami | sumawona si bibi | têtêmua lawan isun | kang akèh-akèh ika | ayya milu ngarsa mami | lanang wadon padha sira kona nigal ||
4. anak putune sadaya | lanang wadon gêdhe cili | karia nèng pangurakan | wus ta mintara dèn aglis | kang kinèn nêmbah mijil | mandhapan adoh lumayu | tindake sarêng napak | wus mudhun saking sitigil | sarêng cêdhak lampahe adhêdhoyokan ||
5. gandhèk kalih mêndhak-mêndhak | anulya tata aligih | umatur sarwi anêmbah | tandukipun animbali | kawula nuwun gusti | ingutus putra sang prabu | panduka ingandikan | pagiha lawan sang aji | sumawona garwa jêng ratu katuran ||
6. nak putu tuwan sadaya | katuna[8] wontên ing wiking | pangeran ing Surabaya | agupuh gènnya lumaris | akalihan kang rayi | sarêng gènira tumanduk | lampahe kêkadhalan [kêkadhala...]
--- [f. 305v] ---
[...n] | sampun prapta ing sitigil | sakathahe kang seba sami tumingal ||
7. angrês manahe sadaya | para niyaka kang nangkil | dinulu lakung mêmêlas | samya andhingkul aligih | prapta ngarsa nrêpati | ngalih sang nata tumurun | saking dhêdhampar êmas | kang paman dipun gêlari | lênggah jajar sang nata kalih kang paman ||
8. sampun atata alênggah | Ratu Pandhan kang winarni | misêr-misêr ligihira | alênggah wurining laki | kalakung awiragi | sang nata sigra amuwus | dipun kaparèng ngarsa | andika bibi aligih | ngangsud-asud kang garwa gendholan kănca ||
9. angrês manahe sang nata | ningali dhatêng kang bibi | miwah marang ikang paman | lakung gènnya amlasasih | muka konjêm ing siti | alon dika sang prabu |[9] punapa karsa paman | pepe sandhaping waringin | pan kawula tan darbe tyas sêla-sêla ||
10. kawula kalakung kagyat | pun paman ngowah-owahi | pepe ing waringin jajar | pangeran umatur aris | kawula agèr ajrih | supami canthèla atur | ngujukkên pêjah gêsang | saking cupête kang budi | igih amba tiyang cêguk mudha dama ||
11. ngujukakên pêjah gêsang | saking cupête kang galih | gadhaha niyat balila | dhumatêng sri narapati | ngaturkên sawung uni | ing mangke kenging sêsiku | amba botên anêdya | batên nyana batên ngipi | angunjuki sêsêmon dhatêng sang nata ||
12. mila kawula patikbra | atur bakisar rumiyin [rumiyi...]
--- [f. 306r] ---
[...n] | tan pantês amba ngingua | dening pêlag ikang warni | anèh kalih sasami | botên nyana yèn kasiku | yèn nêdya nyêmonana | dhumatêng paduka aji | dêmi Allah lawan dêmi Rasulullah ||
13. igih kawula sang nata | yèn sêdyaa mêmiringi | tuwin niyata balila | tan layak wontên Matawis | botên layak sinandhing | igih yèn cêmêr pun jimbun | luhung dipun tumpêsa | dinamêl paran aurip | mila gusti pun paman tur pêjah gêsang ||
14. kang bibi matur karuna | sêsambate amlasasih | adhuh kawula sang nata | ngur pinêjahan kariyin | yèn pun paman ngawoni | tumpêsên nak putunipun | tan lênggana ing karsa | yèn gadhaha salah galih | sri narendra miyarsa lêgêg kewala ||
15. angrês manahe sang nata | miyarsa aturing bibi | lan parêrêpaning paman | manjêlut manah sang aji | mêgah-mêgah[10] nrêpati | lakung bêbêg manahipun | sadaya kang miyarsa | sagunge para dipati | prêbêng-prêbêng sawanèh mijil waspanya ||
16. sri narendra ing Mataram | mênggah-mênggah sarya angling | ikang botên-botên paman | agêga[11] ujaring warti | pocapaning wong sêngit | angadon-adoni tutur | paman dados punapa | yèn agugua[12] pawarti | pan kawula botên angraos yèn duka ||
17. agoroh ikang wêwêrta | wontên ujar kang kayèki | yèn darbea ing balila |
--- [f. 306v] ---
pun paman kula bênduni | edane kang wêwarti | kawula pan têksih emut | nêgara ing Mataram | pinasthi tan kêna gisir | yèn manira sampun pinundhut Yyang Sukma ||
18. sampun parentahing Allah | Ki Arya jumênêng aji | agêntèni ing Mataram | pinasthi tan kêna gisir | benjang sapukur mami | tan ana ikang jêjuluk | ujare kang anyêtha | nanging ta dede ing ngriki | Wanakarta kadhatone kaki putra ||
19. igih nagara Mataram | kawula kang amêkasi | datan kêna sigahana | sampun jangji kang rumiyin | Mataram salir kardi | puput panjênêngan ratu | ngalih ing Wanakarta | satilar kula ing benjing | sigra matur pangeran ing Surapriga ||
20. amba nênêdha Yyang Sukma | sampun salin-salin aji | lan sampun kaliya-liya | tan wontên pantês nagari | liya saking Matawis | sun têdha têksiha kukuh | tan wontên kang prayoga | ing rat jagat tanah Jawi | mung Mataram kang layak dados kadhatyan ||
21. sri narendra angandika | sampun karsane Yyang Widi | rusake nagri Mataram | igih dening putra mami | Ki Prabu Anom sigih | kawitan nagara lêbur | Pangeran Surabaya | lakung gêgêtun ing galih | amiyarsa panyêthane sri narendra ||
22. sigra sang nata ngandika | lah paman ing Surabanggi | kondura dhatêng ing wisma | sampun agugu pawarti | ikang dede pawarti [pa...]
--- [f. 307r] ---
[...warti] | sakathahe dikaêmu | datan sêdya mêngkana | tan anyana tan angipi | ikang paman apamit lawan kang garwa ||
23. sang nata jêkar sineba | malêbêt ing kênyapuri | ginarêbêg ing badhaya | pitung rancak kang sasisih | tur sami ayu luwih | warnane kang para arum | ya ta wau pangeran | Surabaya sampun mijil | mring pasowan sinambêr paksi srêngkara ||
71. Dhandhanggula
[Ki Wangsatruna kaliyan ki Yudakarti kinèn ngupados pawèstri ingkang pantes ginarwa ratu, lajeng pikantuk putri saking Surabaya, putranipun mantri Mangunjaya.[13]]
1. Pangran Surabaya kondur gipih | sarayate pan mantuk sadaya | sampun prapta ing dalême | gancang carita iku | kawarnaa sri narapati | animbali ing wadya | karsane ingutus | wong mantri jêro wastanya | Wangsatruna kalawan Ki Yudakarti | sarêng prapta ing ngarsa ||
2. ya ta angandika sri bupati | Yudakarti lawan Wangsatruna | sira mintara dèn age | ngulatana sirèku | wong pawèstri ikang abêcik | ikang layak kagarwa | iya marang ratu | pasisir măncanêgara | ulatana kalawan wêwêkas mami | yèn ana banyu ganda ||
3. musthikane ênggoning pawèstri | iku layak kagarwa narendra | iku ulatana age | pasthi iku katêmu | gêdhe cili ikang nêgari | iku sira pêpêka | dalah wong dhêdhukuh | kang kinèn tur sêmbah mintar | Wangsatruna kalawan Ki Yudakarti | abanjur sing pasowan ||
4. tan kawarna lampahe nèng margi | sampun prapta pasisir sadaya | winiwitan saking kilèn | tan manggih ikang patut | sakèh èstri dipun [dipu...]
--- [f. 307v] ---
[...n] pilihi | tan manggih kang prayoga | lampahe abanjur | wus prapta ing Surabaya | Yudakarti sêmana emut ing ati | amagih sêsumbêran ||
5. wus ginănda kang banyu awangi | sigra angling marang Wangsatruna | baya ing kene pêrnahe | pawèstri ikang ayu | lah anêdha marang nêgari | mantri ing Surabaya | pinêpêk sadarum | sakathahe kang wanodya | ikang wêling sang nata masthi yèn manggih | ing toya kang agănda ||
6. mapan pawèstri pinanggih ngriki | sigra laju dhatêng Surabaya | kang jinujug patêngêne | Pangran Surabayèku | Mangunjaya wastaning mantri | utusan sampun prapta | pan samya aluguh | atata gènnya alênggah | sigra angling Wangsatruna Yudakarti | manira kang utusan ||
7. kanjêng susuhunan ing Matawis | apan kinèn ngulati wanodya | ikang abêcik warnane | Mangunjaya andhêku | kang utusan amuwus malih | alah ta Mangunjaya | pêpêkên sadarum | wong wadon ing Surabaya | gêdhe cili dalah anaking patigi | aja na kaliwatan ||
8. Mangunjaya agarjitèng ati | amicarèng sajroning wardaya | emut kalamun putrane | warnanira pinujul | aluwihi[14] kang wong sanagri | amicara ing nala | baya anak isun | pinasthi karsaning Sukma | yèn pinundhut dening Sri Nata Matawis | baya wus kauningan ||
9. Mangunjaya sigra gènnya angling | hèh sang duta kawula sandika [sa...]
--- [f. 308r] ---
[...ndika] | timbalan dalêm dhawuhe | kinèn mêpak sadarum | Surabaya sagung pawèstri | ing pangraos kawula | kadi botên antuk | kawula gadhah atmaja | èstri ayu ing ngriki tan wontên mirib | andika tingalana ||
10. lamun botên kangge putra mami | èstri ing Surapriga sadaya | pinêpêka sawarnine | utusan sigra muwus | sokur bage dika pribadi | darbe putra prayoga | manira yun wêruh | Mangunjaya sigra ngundang | putranira wayahe rumaja putri | apan dèrèng diwasa ||
11. lagya jêpên kêkêmbên puniki | apan lagi birai ing sêkar | angedani sapolahe | sang rara nulya rawuh | ing ngarsane utusan aji | cahyanira lir wulan | duk purnamanipun | alurus ikang sarira | darijine alantas amucuk ing ri | sukunya amalira ||
12. Yudakarti jablong aningali | Wangsatruna malongo kewala | amicarèng jro kalbune | iki si rara ayu | sajêg isun urip puniki | durung mulat wanodya | ikang kaya iku | baya wus karsaning Sukma | èstri iki layak kagarwa nrêpati | utusan sigra mojar ||
13. Ki Mangunjaya manira iki | aningali dhatêng putra dika | prayoga katura age | ing mangke karêp isun | putra dika ni rara iki | katura mring sang nata | kalakung apatut | pasisir kilèn tan ana | èstri ikang mèmpêr mirib kaya [ka...]
--- [f. 308v] ---
[...ya] iki | manira durung mulat ||
14. Mangunjaya sigra angling aris | pan kawula kalakung sumăngga | datan angraos dêdarbe | anak kula puniku | kaatura marang nrêpati | apan kawula sêdya | kaparêng pinundhut | nadyan pêjah gêsang amba | tan angraos kawula yèn darbe urip | kagêngan sri narendra ||
15. punang duta kalih sigra angling | lah anêdha sami adangdana | manira mangkat ing mangke | nulya adadan sampun | Mangunjaya sarayatnèki | ing wau sigra bubar | sang rara tinandhu | tan kawarna lampahira | sampun prapta anèng nêgara Matawis | jujug Kawirarêjan ||
16. Ki Ngabèi Wirarêja nênggih | pan kinarya lêlurah Kapêdhak | Ki Yudabăngsa sisihe | Yudakarti tumanduk | Wangsatruna wus sami prapti | matur mring Wirarêja | kawula pan antuk | pawèstri endah kang warna | kang atmaja Ki Mangunjaya anênggih | mantri ing Surapriga ||
17. kadi prayogi katur nrêpati | igih punika kawula bêkta | Mangunjaya sarayate | jalu èstri pan tumut | Wirarêja sigra gènnya ngling | pakanira undanga | manira yun wêruh | Mangunjaya wus ingundang | sigra prapta ing dalême ki ngabèi | anak rabi binêkta ||
18. Wirarêja sigra aningali | ing warnane ikang lagya prapta | anulya tumanduk age | Wirarêja amuwus | lah anêdha manira irid | marêk dhatêng sang nata | pawèstri kang ayu | tan layak wontên ing jaba | sigra mangtkat[15] Ki Wirarêja glis prapti | kandhêg wontên ing
--- [f. 309r] ---
lawang ||
19. pan sampun katur mring sri bupati | kang utusan ngupados dyah endah | asal nanging maksih rare | èstri sigra pinundhut | tiningal ing sri bupati |[16] sri narendra karênan | sakalire pêthuk | cuwane sri naranata | pan wanodya kapalang durung birai | sang nata angandika ||
20. marang Nyai Wirarêja aris | lah gawanên maring wismanira | sira ulaha awake | yèn besuk mangsanipun | èstri iki sêdhêng birai | anuli lêbokêna | sigra awotsantun | Wirarêja nulya mêdal | sang dyah rara pan sampun binêkta mulih | maring Kawirarêjan ||
21. tan kawarna ing alami-lami | kawarnaa Sri Nata Mataram | animbali mring putrane | undangên putranisun | Ki Dipati Anom dèn aglis | kang kinèn sigra mintar | lampahe wus rawuh | cundhuk mring kanjêng pangeran | sigra matur utusan anênimbali | paduka ingandikan ||
22. jêng pangeran adipati gipih | wus akampuh anulya lumampah | miyos butulan lampahe | tan dangu nulya cundhuk | lan kang rama rajèng Matawis | jêng pangeran anêmbah | sumukêm ing suku | anèng lêbu talapakan | sawungune nulya mundur awotsari | gènnya lênggah mangrêpa ||
23. kanjêng pangran kalakung gènnya jrih | mring kang rama manêngkung mangula[17] | tan mèmpêr putra ajrihe | sakathahe kang dulu | wong jro pura angrês ningali | agêpe[18] jêng pangeran | kalakung jrihipun | tan layak akuhing putra | sri narendra [na...]
--- [f. 309v] ---
[...rendra] kang putra tansah liniring | kadya mijil kang waspa ||
72. Mijil
[Pangéran adipati anom kasmaran dhumateng putri Mangunjaya, sesengkeranipun ingkang rama. Pangéran Surabaya sedya labuh pati nglabuhi wayahipun.[19]]
1. angandika Sang Nata Mêtawis | lah ta putraningong | sun tingali sira wus agêdhe | wus sêdhênge sira mawi krami | apan karsa mami | akramaa kulup ||
2. isun thole olèh tingal bêcik | putri ing Carêbon | aprayoga iya ing warnane | lan maninge putraning dipati | amêngku nêgari | padha trahing ratu ||
3. lamun sira panuju ing ati | marang tuduh ingong | tingalana sang putri warnane | lah mintara mring wisma dipati | Carêbon nak mami | mangkata tumutur ||
4. ikang putra sigra awotsari | gènnya mundur alon | jêng pangeran ambanjur lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | wismane dipati | pangran wus têtêmu ||
5. Pangeran Carêbon wus andugi | atampi pasêmon | yèn Pangeran Dipati praptane | mring Carêbon nêgih[20] nênontoni | mring atmajanèki | Sang Dipati gupuh ||
6. ngandikan marak sang rajaputri | ayunira kaot | lampahira pan rada ginawe | sêndrang-sêndrang tinon asung brangti | wadane sawiji | sêmu wani kakung ||
7. Jêng Pangeran Dipatya ningali | manahira adoh | dene lanas wong iki tingale | datan ana tinaha ing ati | manggihi têtami | lakung gènnya purun ||
8. sampun waskitha gènnya ningali | tan watên winaon | nanging têbah pangeran galihe | tan adangu pangeran nulya mit | Pangran Cêrbon gipih | ngatêrkên nèng pintu ||
--- [f. 310r] ---
9. tan kawarna laminya ing mangkin | panjanging cariyos | Wirarêja ing gêgadhuhane | wus alawas amêpêg birai | saya endah warni | kang tumingal kanyut ||
10. amangun kesya sang dyah birai | kasmaran kang anon | warnanên pangran kampir karsane | Wirarêjan pangeran wus prapti | malêbêt ing kori | praptèng latar sampun ||
11. sang dyah rara kapanggih ambathik | mandhapa tan anon | kagyat mulat pangeran tingale | sang dyah rara uninga nglungani | bari nolih-nolih | amaoni gêlung ||
12. wus malêbêt ing wisma tumuli | warnanên sang anom | jêng pangeran pêpungun tingale | lakung ngêla-êla ikang galih | kasmaran ningali | katon lagya gêlung ||
13. Ngabèi Wirarêja ningali | mring Dipati Anom | sigra lumayya ngrangkul padane | Wirarêja matur awotsari | gusti wontên kardi | paduka pukulun ||
14. kadingarèn pinarak mariki | wontên karya gatos | tumanduka pinarak nah agèr | pangeran têksih tan kêna angling | tan ana kaèsthi | mung wau kang gêlung ||
15. jêng pangeran ngandika aririh | paman sun têtakon | èstri mau sapa kang aduwe | baya ta anakira pribadi | Ki Wirarêja ngling | wotsari umatur ||
16. adhuh gusti amba dêrmi-dêrmi | agadhah[21] kêmawon[22] | kagêngan rama paduka agèr | asalipun pawèstri puniki | saking Surabanggi | Mangunjaya sunu ||
17. duk kapêndhêt èstri dèrèng [dè...]
--- [f. 310v] ---
[...rèng] akil | katur mring sang katong | kinèn agêng sang nata karsane | ginadhahakên mring amba gusti | yèn sampun birai | benjang mangsanipun ||
18. amba dikakkên ngladoskên malih | mangke sang dyah anom | sampun akil sêdhêng biraine | benjang Kêmis katura ngrama ji | dening sampun akil | sang dyah mangsanipun ||
19. jêng pangeran amiyarsa warti | sangsaya anglamong | sigra bubar tan pamit kondure | wus anitih kuda cinamêthi | anandêr kapati | kang angiring kantun ||
20. sampun rawuh dalêmira aglis | lajêng mring paturon | sakalakung kasmaran galihe | sang dyah rara kacipta ing ati | tan dhahar aguling | tansah agung wuyung ||
21. êmban inya agarjitèng ati | mulat mring sang anom | datan kêna adhahar asare | wus anduga ikang dadi brangti | kèn êmban agipih | dhatêng eyangipun ||
22. sampun prapta mêndhêk awotsari | pangran kagyat anon | nikèn êmban anangis ature | igih amba ngaturi upaksi | wayah dalêm gusti | tansah lênglêng mangu ||
23. pan kasmaran wingi aningali | mring dyah ayu kaot | Wirarêjan pawèstri ênggène | sêsêngkêranira sri bupati | asaling pawèstri | ing Surabayèku ||
24. putranira Mangunjaya adi | pinundhut sang katong | gih punika kang dados brangtine | wayah dalêm tan arsa abukti | datan arsa guling | tansah agung wuyung ||
25. jêng pangeran kagyat miyarsèki | aturing pamomong [pamo...]
--- [f. 311r] ---
[...mong] | pan kèmêngan sajroning galihe | saking jrihe marang sri bupati | dyan Pangeran Pêkik | manahe anglampus ||
26. awrat mring wayah anandhang brangti | dening têmah nglamong | dêdimone isun lakonane | nadyan dukaa sri narapati | tumêkènga pati | pan isun wis sêpuh ||
27. putunisun aja kongsi brangti | atêmah anglamong | ikang garwa ingandikan age | sampun rawuh Ratu Pandhansari | kang raka sigra ngling | payo padha labuh ||
28. apan iya mas putu dipati | kedanan wong wadon | pan sang nata sêngsêngkêranane[23] | mêngko payo padha labuh pati | kang garwa nuruti | kinanthi wus mêtu ||
73. Kinanthi
[Pangéran Surabaya mundhut putri Mangunjaya sesengkeranipun sang nata, badhé kaaturaken dhumateng ingkang wayah, pangéran adipati anom. Sang nata sanget dukanipun amargi sesengkeranipun kapundhut ingkang putra.[24]]
1. jêng pangeran sigra muwus | saosa tandhu lan joli | kang kinèn aglis lumampah | tandhu joli wus cumawis | Pangeran Pêkik lumampah | kang para garwa angiring ||
2. para garwa nitih tandhu | pawongan lumampah sami | tan kawarna lampahira | Kawirarêjan wus prapti | kang tugu lawang tumingal | yèn Pangran Pêkik kang prapti ||
3. sampun matur gustinipun | Ki Wirarêja agipih | amêthuk ing paregolan | mêndhêk sarya angabêkti | Ki Wirarêja tur sêmbah | paduka lajênga gusti ||
4. kula aturi tumanduk | ing wisma kawula gusti | wus malêbu akalihan | miwah sêlir para nyai | sami lumêbu sadaya | wus prapta samya aligih ||
5. Pangran Surabaya muwus | Ki Wirarêja nak mami | prapta manira
--- [f. 311v] ---
ki anak | arsa tutur mring sirèki | nênggih putra pêkênira | kae putu Mas Dipati ||
6. pan ing mangke agung wuyung | satêkanipun ing ngriki | ing mêngko karêp manira | yèn sêmbada lan sirèki | gêgadhuhan pêkênira | rara kênya ikang adi ||
7. pan ing mangke ta puniku | sun jaluk tambaning agring | yèn ana dukaning nata | katêmpuha marang kami | nadyan nêmahana pêjah | manira ikang nglakoni ||
8. Ki Wirarêja umatur | kawula anuhun gusti | paduka agadhah karsa | amundhut dhatêng pawèstri | kawula anuwun duka | ajrih dhatêng sri bupati ||
9. punika pan sampun katur | mila ginadhahkên mami | rumiyin dèrèng diwasa | ing mangke sampun birai | pan ingantos kala măngsa | benjang kature sang aji ||
10. paduka akarsa mundhut | dhumatêng èstri puniki | dados punapa kawula | katura dhatêng sang aji | mandahane ikang duka | kawula dipun pêjahi ||
11. Pangeran Pêkik anjêtung | kèwêdan sajroning galih | amiyarsa aturira | Wirarêja ambênêri | Pangeran Pêkik kèwêdan | nulya angandika aris ||
12. Ki Wirarêja nak isun | bênêr saking ing sirèki | yèn ana dukaning nata | manira ikang naguhi | sun awèh sisim mring sira | sih isun marang sirèki ||
13. itên kalih rêga sèwu | kalawan dhuwung kêkalih | manira lila ing sira | aja walangati maning | Ki Wirarêja kewuhan | Pangeran Pêkik sigra ngling ||
--- [f. 312r] ---
14. Wirarêja anak isun | ing benjang wruhaning rèki | yèn ana dukaning nata | manira ikang naguhi | pan manira datan salah | anjaluk marang pawèstri ||
15. ing sabênêr-bênêripun | puniku wêwêngkon mami | wong têka ing Surabaya | pantês mas putu darbèni | para garwa samya ngucap | mring rabine ki ngabèi ||
16. ni bok mantu isun asung | kancana kalawan picis | iki busana di mulya | isun asung mring sirèki | rabine Ki Wirarêja | suka tyasira ningali ||
17. sêsotya tinampan sampun | pan sarwi mojar ing laki | kiyai kadi punapa | dening têka angukuhi | sampun ajrih mring sang nata | sawab pangeran naguhi ||
18. bênêr pangandikanipun | pêpantêse kang darbèni | èstri asal Surabaya | wêwêngkone kanjêng gusti | layak lamun kagarwaa | dening Pangeran Dipati ||
19. măngsa dukaa sang prabu | lamun pangeran kang ngambil | wingi isun amiyarsa | pangeran tinari krami | mangke ta kapasang yogya | wontên kang dipun karsani ||
20. nadyan ta dadosa bêndu | pan ana ikang naguhi | punika kajêng kawula | sang rara katura mangkin | pangeran sampun gung brăngta | malar dadosa jêjampi ||
21. Ki Wirarêja wus kerut | kagunturan turing rabi | sang rara nulya ingundang | wus prapta ngarsaning rèki | sigra ikang para garwa | sang rara sampun kinanthi ||
22. Pangran Surabaya muwus | Wirarêja putra mami | iki silih wruhanira | gawe orêging nagari | sangêt dukane [du...]
--- [f. 312v] ---
[...kane] sang nata | yèn sisipa bêbayani ||
23. wus sun jarag yèn alabuh | nanging sêdyanisun iki | putunisun waluyaa | tulusa wibawa mukti | isun lakonane uga | ing lara tumêkèng pati ||
24. pasthi sang nata abêndu | ing besuk maring ing kami | sira benjang kasarakad | Wirarêja anak mami | nanging wus karsaning Sukma | apan tan kêna gumisir ||
25. lah anak amit katèngsun | Ki Wirarêja tur bêkti | sang dyah rara wus binêkta | tinitihakên ing joli | pangeran ing Surabaya | wus bubar lampahnya aglis ||
26. lampahira wus abanjur | prapta kadipatèn aglis | malêbêt kajêng pangeran | ingiring mring para rabi | sang dyah kênya wus binêkta | sang rara pan wus pinanggih ||
27. kalawan sang rajasunu | Pangran Surabaya angling | mas putu ayya gung brăngta | pun kaki asal jêjampi | ikang dadi brangtanira | rara kênya ikang adi ||
28. lah ta dawêg ki mas putu | pangeran suka kang galih | sang rajaputra tumingal | kumênyut sarêng ningali | manahe tanpa rerehan | kang eyang sampun udani ||
29. lah ta nyawa putunisun | ayya sira walanggalih | yèn ana dukaning nata | kapagiha mring pun kaki | tumêkaa lara pêjah | pun kaki ikang labuhi[25] ||
30. kang wayah ature nuwun | sarwi sira awotsari | pangeran ing Surabaya | ngandika putu sun amit | karia pêpangantenan | sigra bubar Pangran Pêkik ||
31. sampun rawuh dalêmipun | kawarnaa ikang kari | rajaputra ing Mataram | tumulya nambut sang dèwi | binêkta maring paprêman [paprê...]
--- [f. 313r] ---
[...man] | sang dyah ayu kongah-kangih ||
32. raja pinutra angrurum | dhuh mas mirah isun yayi | manira tutur mring sira | lawas isun aningali | wong ayu marang ing sira | tan kêna dhahar aguling ||
33. sabên dina agung wuyung | amung sira kang kaèsthi | ing mangke angrasa gêsang | apanggih lan sira gusti | lir pendah katiban wulan | sêdhênge purnama sidi ||
34. sang dyah ayu aris matur | mênawi botên sayakti | sampun watêke wong priya | yèn darbe karsa mring èstri | lamun dèrèng kalampahan | basanipun sagup asih ||
35. yèn katutugan ing kayun | aglis mukur kadi gasir[26] | punika kawula mirsa | limrah ujaring pawèstri | kathah priya kang mêngkana | pilih kakung kang sayakti ||
36. angandika rajasunu | adhuh arinisun gusti | bênêr kaya ujarira | katêmu ujaring jalmi | yèn muguh isun mas mirah | têka andêlên mas yayi ||
37. oliha timbil sagênuk | yèn cidraa ingong yayi | kithinga tanganku kiwa | tumulya angling sang dèwi | ping kalih atur kawula | sarira kawula gusti ||
38. rumiyin pan sampun katur | mring rama panduka aji | ing make gusti sampeyan | kang ngarsakakên mring kami | bilih aduka sang nata | têmah amba dèn pêjahi ||
39. rajaputra sigra ngrangkul | pan sarwi angaras pipi | arum ikang pangandika | adhuh ta mas mirah yayi | mênawa duka jêng rama | pan nora isun gisiri ||
40. nadyan tumêkènga lampus | wong kêkalih kang nglampahi | rajaputra mangarêpa | karsa nêkakakên kapti | angukih wêkasing sinjang | sang dyah tangkis sarya angling ||
41. dhuh pangeran [pa...]
--- [f. 313v] ---
[...ngeran] gusti sampun | paduka karsa punapi | astane aguragapan | pangeran mèsêm sarya ngling | dhuh mas mirah kang sun têdha | kang dadi usada agring ||
42. yakti isun mati wuyung | yèn sira tan ajampèni | yakti sun pêjah angarang | yèn sira tan tulus asih | sang kakung mangarêpa |[27] sang dyah ayu wus kagimir ||
43. kagunturan ing pangrurum | sang dyah sampun lêsu arip | pangeran nêkakkên karsa | wus tutug akaron rêsmi | sarêng wayah byar raina | sampun bêdhah kutha Mêsir ||
44. tan kawarna laminipun | rajaputra lakung asih | kalihe sami katrêsnan | risampunnya lami-lami | sang nata andangu sang dyah | katur yèn sampun apanggih ||
45. kalihan sang rajasunu | mila kalampahan panggih | pangeran ing Surapringga | punika ikang nagahi[28] | sang nata kalakung duka | dening sang anom apanggih ||
74. Sinom
[Pangeran Surabaya kaliyan ki ngabèhi Wirareja sagarwa putra kapidana pejah.[29]]
1. sri narendra ing Mataram | kalakung gènnya aruntik | mring kang paman Surapriga | kumêjot padoning lathi | sang prabu ing Matawis | saya kagugu karuwun | Pangeran Surabaya | kala ngaturi rumiyin | ikang sata bakisar dhatêng sang nata ||
2. Kajêng Sinuhun Mataram | dukanipun andhatêngi | mring kang paman Surabaya | malah sampun dèn têlasi | sanak putu tan kari | cacahe wong patang puluh | kang sami pinêjahan | dening prabu ing Matawis | kang tumingal sadaya angêmu waspa ||
3. dening ta nora kayaa | ya ta kawarnaa malih | Ki
--- [f. 314r] ---
Ngabèi Wirarêja | dinukan dening nrêpati | sarayate tan kari | tinundhung dening sang prabu | dinèkèk Panaraga | lami-lami dèn pêjahi | sri narendra dukane saya angrêbda ||
4. kawarnaa ing carita | jênênge Sunan Matawis | owah lawan kuna-kuna | sabarang karsaning rèki | agêlarakên mangkin | wasiyasate kalakung | kathah ngalap-alapan | para mantri lan bupati | atanapi wau kang para sêntana ||
5. samya risak manahira | sagunge wadya Mêtawis | jarajat nêgara rêngka | akathah ikang winarni | grahana surya sasi | yèn dalu lintang kumukus | obar-abir limunan | udan awu andhatêngi | kathah lamat jarajat nêgara rêngka ||
6. akathah ikang prabawa | guntur kang Ardi Marapi | ladhu mili alorodan | udan êwoh andhatêngi | udan wêdhi karikil | singa kang katrajang lêbur | obar-obaran dadya | giris ikang aningali | kang satêngah nyana yèn banjur kiyamat ||
7. ya ta ikang kawarnaa | Pangran Dipati Matawis | kang amukti awibawa | kinudang dening rama ji | agêntosi nrêpati | para putra tri Matarum | nadyan silih kathaha | tan kadi Pangran Dipati | trah kusuma ambêg adil palamarta ||
8. angapura wong dêdosan | amuruki wong kang sisip | budine lir mênyan kobar | Pangran Dipati Matawis | pan wagêd angecani | manahing wong mindha pugung | sakèhing wong Mataram | apan sami wêdi asih |
--- [f. 314v] ---
pan sumuyud sêdaya sami katrasnan[30] ||
9. Pangran Dipati Mataram | lagya amangun wiyadi | sasedane ikang eyang | kang dadya runahing[31] galih | Pangran Surabayèki | apan kêdhik dosanipun | kongsi tumêkèng pêjah | anak putune tan kari | sinedanan nèng alun-alun Mataram ||
10. lahn[32] malih para sêntana | satriya para bupati | tan wontên eca kang manah | sajênênge sri bupati | nanging Pangran Dipati | kang tansah ingayun-ayun | prayoga jumênênga | narendra anèng Matawis | pra sêntana Mataram rêmbag sadaya ||
11. nanging Pangeran Dipatya | kalakung kewran ing galih | dening ta maksih kang rama | jumênêng anèng Matawis | paran ta gon angêndhih | marang rama sang aprabu | mandah loke nèng jagat | ratu sabrang angèsêmi | dening mêngsah bapa lawan kang sudarma ||
12. Pangran Dipati Mataram | apan tansah angulari | ikang kinarya wêrana | wong kang prawira asêkti | kira ikang kuwawi | angrêbat nagri Matarum | nanging ta dèrèng asal | kang karaos dados galih | miwitana iya kang nênêlukêna ||
13. pangran amicarèng nala | tanna prayogane malih | liyane eyang Kajoran | sun karyane aling-aling | dening prakosa sêkti | lawan tapane wus gêntur | iya eyang Kajoran | isun wêtara kuwawi | ambêdhaha maring nagara Mataram ||
14. Dipati Anom ngandika | apan kinèn animbali | lêlurahira têtiga | ikang aran Kyai Sêndhi | Pranantaka sawiji |
--- [f. 315r] ---
Andangkara sisihipun | wus prapta ing ngayunan | ngandika Pangran Dipati | marenea dèn padha kaparèng ngarsa ||
15. dèn bisa sira ngong duta | aturêna surat mami | marang eyang ing Kajoran | poma sira isun wêling | iya dèn kon dang iki | matura sun duwe rêmbug | mring eyang ing Kajoran | apranata atur bêkti | Andakara[33] sampun anampani surat ||
16. kalihnya atur pranata | lumèsèr ngarsaning gusti | lampahira gêgancangan | kalakung gènnya adhêmit | tan kawarna ing margi | ing Kajoran sampun rawuh | sira Ki Pranantaka | lan sampun akitun[34] wêling | dhatêng wau panêmbahan ing Kajoran ||
17. kalamun wontên kang duta | Pangran Dipati Matawis | apan saha amawi surat |[35] Pangran Kajoran agipih | têdhak dènnya aligih | karsa manggihi têtêmu | pan sampun tinimbalan | lumêbêt kang duta kalih | pan ingawe kinèn dèn kaparèng ngarsa ||
18. sampunnya lênggah atata | Andakara aturnya ris | gih lampah amba punika | dinuta ing kajêng gusti | Jêng Pangeran Dipati | kinèn marak sang aulun | ngaturakên nawala | Pangran Kajoran nampani | wus tinampan kang punang surat binuka ||
19. sinukmèng sajro wardaya | pèngêt bêbukaning tulis | ikang sêrat jêng pangeran | Dipati Anom Matawis | kaatura pun kaki | Kajoran ikang linuwung | sampun kadya sapunika |[36] pun eyang kula [ku...]
--- [f. 315v] ---
[...la] aturi | pinaraka dhatêng kitha ing Mataram ||
20. saking èmênge kang manah | pema eyang dèn lumaris | botên watên ikang yogya | amadhangêna kang galih | liya saking pun kaki | kang yogya jujung maringsun | gih pun eyang Kajoran | ikang yogya sun tangisi | sasampune wau gènnya maca surat ||
21. ya ta Panêmbahan Rama | mêgah-mênggah[37] jroning galih | kaya apa ikang karsa | Jêng Pangeran Adipati | manira tan adugi[38] | kang sêrat pasêmonipun | dening ngong tinimbalan | datan kawarna wus kering | Jêng Pangeran Kajoran dhatêng Mataram ||
22. data[39] kawarna ing marga | ing kadipatèn wus prapti | sampun ngaturi uninga | mring Pangeran Adipati | yèn ikang eyang prapti | Pangran Kajoran nèng pintu | ya ta sigra ngandika | Pangran Dipati Matawis | alah mara nuli sira aturana ||
23. apan sampun ingaturan | Pangran Kajoran agipih | wus prapta tata alênggah | kalihan Pangran Dipati | pan apanggih pribadi | kang abdi samya tinundhung | kantun Ki Andakara | Kyai Sêndhi kang satugil | katigane kang wasta Ki Pranantaka ||
24. Pangran Dipati Mataram | gènnya angandika manis | mring kang eyang ing Kajoran | mila eyang ngong aturi | arsa agunêm pikir | kalih pun eyang dèn rêmbug | nêgara ing Mataram | laminya tan kadi mangkin | sami risak manahe wong sanêgara ||
25. tan [ta...]
--- [f. 316r] ---
[...n] wotên eca kang manah | para sêntana bupati | dening tikahe jêng rama | sanès kalih duk kariyin | mangke eyang ngong tari | ing sapênêd-pênêdipun | karsane wong Mataram | para sêntana bupati | pan kawula jinujung dados narendra ||
26. agêntosana ing rama | jumênênga ing Matawis | nanging kawula kèmêngan | dening ta puniki maksih | jênênge rama aji | mandah si ta ucapipun | lamun anglampahana | mêmusuhan lan rama ji | igih eyang kula tan sagêd lumampah ||
27. dening suta lawan bapa | pidudon[40] rêbut nêgari | puniku kalakung merang | mila pun eyang ngong tari | sun karya aling-aling | ing ayuda yèn arêmbug | angrêbata Mataram | kawula ikang beyani | kang gêgaman miwah kang rajabêrana ||
28. barang karsa pan sumăngga | sampun eyang walanggalih | lan malih pangraos kula | yèn eyang purun lampahi[41] | para mantri Matawis | kadi abalik sadarum | kantuna botên kathah | kawula ikang masiti[42] | igih eyang punapa purun botêna ||
29. umatur Pangran Kajoran | yèn kenginga kanjêng gusti | dipun asabar ing manah | pan nagari ing Matawis | pan kagêngan Sang Pêkik | lamun seda sang aprabu | sitên yoga gumantya | liya Pangeran Dipati | dipun lèrèh ing karsa măngsa sandeya ||
30. sampun anggèr gege măngsa | Pangran Dipati nauri | lah ta kadipundi [kadipu...]
--- [f. 316v] ---
[...ndi] eyang | dhatêng andika lampahi | kula ge aling-aling | ajujunga luguh isun | pangeran ing Kajoran | lakung èmêng ikang galih | yèn pangeran asangêt pagubêlira[43] ||
31. ya ta pangran ing Kajoran | kèngêtan sajroning ati | yèn darbe mantu prawira | anênggih ikang wêwangi | Trunajaya prajurit | anênggih ikang sêsunu | Kyai Dêmang Malaya | nênggih kang pêjah rumiyin | pêjah lawan pangeran ing Danupayan ||
32. sasedane ikang rama | Trunajaya maksih alit | anuli wau kang paman | ing Madura agêntèni | pan jumênêng dipati | Cakraningrat namanipun | nanging tiyang Madura | tan wotên eca kang galih | kang ingarsa-arsa mung Ki Trunajaya ||
33. apan angèngèr kang paman | Trunajaya taksih alit | saya lami wus diwasa | winastanan angramuhi | putrane Ki Dipati | Cakraningrat ikang sêpuh | mila Ki Trunajaya | akarsa dipun patèni | nanging santana Madura akathah wêlas |[44]|
34. mila atêmahan gêsang | angusi pangran dipati | wong kadipatèn sadaya | apan sami dèn sarogi[45] | mring Cakraningrat nênggih | iya pinrih aja katur | mila Ki Trunajaya | ngawula tan antuk margi | ambalayang saparan kalunta-lunta ||
35. ya ta ing alama-lama | pinêndhêt mantu anênggih | dening Pangeran Kajoran | sakalakung gènira sih | dhasar wong agung tapi | Pangran Kajoran [Kajo...]
--- [f. 317r] ---
[...ran] wus wêruh | lamun Ki Trunajaya | ing benjang dadi prajurit | ikang yogya ngobahakên guladrawa ||
75. Dhandhanggula
[Kraèng Galésong saking Makasar anjejarah sarta damel risakipun bang wétan. Para bupati bang wétan nyuwun pambiyantu dhateng Mataram.[46]]
1. Pangeran Kajoran matur aris | yèn mêkatên gusti ikang karsa | amba atuduh nah anggèr | kawula darbe mantu | Trunajaya ikang wêwangi | putranipun Ki Dêmang | Malaya kang lampus | lan Pangeran Danupayan | pan punika mas gusti igih prayogi | kinaryaa wêrana ||
2. ngadêga watên Madura benjing | igih agèr wirayat kawula | mèh dhumatêng ing jajine | nagri Mataram sêpuh | apan sampun jangjine Widi | nagri Mataram rêngka | sirna jênêngipun | igih nagri ing Mataram | datan gisir sampun karsaning Yyang Widi | igih gusti mèh risak ||
3. nanging kantun ikang amimiti | benjang gusti kalamun watêna | ikang mimitana gawe | wikan ing sakanipun[47] | nuntên dhatêng karsaning Widi | angrusak ing Mataram | tan gisir puniku | nanging ta gusti pun eyang | pan lênggana kapiawon ing rama ji | yèn miwitana karya ||
4. mila pun kaki akarya wakil | Trunajaya prasasat kawula | pangran dipati dêlinge | kawula arsa wêruh | alah eyang dika timbali | kang aran Trunajaya | risaksana wau | Trunajaya tinimbalan | tan kawarna wus prapta ngarsaning gusti | pangran rêsêp tumingal ||
5. Panêmbahan Rama ngandika ris | mila sira bapa tinimbalan | mring gustinira nah
--- [f. 317v] ---
agèr | sira tinari kewuh | lamun sira kaki abakit | kinaryaa wêrana | tumêkaa nglampus | sira dikakkên awayang | awakira iku kang kinarya rigit | alah iya dèn bisa ||
6. awayanga dèn rada abakit | ing awayang ayya anêrajang | kêkêraning rigit radèn | pan karubuhan pagung | pasthi sira tumêkèng pati | Trunajaya anduga | ing sêmu puniku | yèn kinarya lêlampahan | tur sandika gih amba datan gumisir | nadyan dhumatêng pêjah ||
7. anglampahi ayahaning gusti | nadyan lêbura kadya pratala | ikang abdi upamine | tan garantês sarambut | suka lila dhumatêng pati | Jêng Pangeran Dipatya | suka ing tyasipun | dening wau amiyarsa | ing sagupe Trunajaya tan gumisir | amusuh ing Mataram ||
8. alah iya Ki Trunajayèki | pan nêgara ing Madura ika | isun têdhakkên dhèwèke | nanging ta wêkas ingsun | Trunajaya sira dèn bêcik | isun karya wêrana | dèn samun ing laku | lah uwis sira muliha | maring Sampang sira ngirupa pribadi | sarupane wong Sampang ||
9. alah sira bêbêga ing benjing | aja ana seba mring Mataram | wong Madura sarupane | dimèn dipatinipun | nèng Mataram seba pribadi | dening parabotira | kang beyani isun | ngadêga anèng Madura | nêlukêna măncanêgara pasisir | sira amimitana ||
--- [f. 318r] ---
10. Trunajaya nêmbah nuwun pamit | tan kawarna ing sasolahira | Pangran Kajoran wus mulèh | kalihan putranipun | Trunajaya kang sagup wani | arsa mulih mring Sampang | sêmana wus rêmbug | lawan Panêmbahan Rama | ikang putra kinèn ngadêga kariyin | anèng ing Surabaya ||
11. dening besuk yèn kuwur Matawis | isun nusuli marang ing sira | ing mêngko uwis usume | nagri Mataram sêpuh | wus pinasthi dening Yyang Widi | sirnane ing Mataram | ing wirayat isun | mulane sira ngong duta | mimitana pasthi bêdhah ing Matawis | dening wadya Madura ||
12. sampun têlas gènira mêmêling | Trunajaya sigra nulya mangkat | kalawan anak rabine | tan kawarna ing ênu | ing Madura anulya prapti | pangeran ing Madura | nèng nagri Matarum | wong Sampang tan ana mapag | marang Trunajaya mapan sampun prapti | ing dalême kang paman ||
13. datan ana kang wani malangi | pan punika gustinira lama | ingajêng-ajêng lamine | ramanipun karuwun | ing Madura ikang darbèni | milanira wong Sampang | sadayane suyud | kang datan eca kang manah | wong Madura apan ingantêpan wani | mring Radèn Trunajaya ||
14. pirang-pirang lamine ing mangkin | wong Madura tan seba Mataram | binêbêgan sawarnine | wadyèng Madura suyud | marang Trunajaya wus rakit | sêdya musuh Mataram | kawarnaa
--- [f. 318v] ---
wau | nênggih gênti cinarita | apan watên pêpalayon sêdya ngusi | saking nagri Mêkasar ||
15. mapan kawon rêbatan nêgari | lan kadange mila angajawa | kalawan sanak renane | abêkta bala sèwu | Kraèng Glesong ikang wêwangi | lawan prajuritira | aran Busungmarnung | lawan Panji Karunuhan | Dhaèng Wilagêni lan Dhaèng Makinci | iku prajuritira ||
16. wantunipun wong kawon ajurit | sangu têlas sami angrêrayah | kadi hèrnawa polahe | wong pasisir misuwur | wong Mêkasar ikang ngugahi | ikang sami rêrayah | wong pasisir mawut | nêgari ing Pajarakan | kang rinayah ing jro kitha apan ênting | têpis wiringe têlas ||
17. wong Pajarakan sami angili | anak rena puyêngan sadaya | samya agiris manahe | lan dede bangsanipun | wong Makasar agêgilani | dening gêgêdhenira | amondhok ing Dêmung | wong têpis wiring bang wetan | kang kacahak apan sami dèn rayahi | wong ngili apuyêngan ||
18. apan maksih anèng ing Matawis | sira ngabèi ing Pajarakan | mila suwung nêgarane | ya ta ikang winuwus | kajêng susuhunan nêgih Matawis |[48] pan lagya sinewaka | wau jêng sinuwun | pêpêk ikang para putra | myang sêntana satriya para prajurit | andhèr nèng pagêlaran ||
19. kang mugèng ngarsanira nrêpati [nrê...]
--- [f. 319r] ---
[...pati] | Pangran Dipati Anom Mataram | ajajar lawan ênggène | Pangeran Singasantun | lan Pangeran Pugêr anênggih | Pangeran Mêrtasana | ikang mugèng ngayun | nuli sêntana pinuwa | Jêng Pangeran Purbaya sami anangkil | lan Pangran Prigalaya ||
20. lawan Radèn Tumênggung Matawis | jajarira Pangeran Balitar | Wiramênggala sambunge | Wiratmêja nèng pukur | Radèn Wirasêntana nangkil | lawan Panji Karsula | Wirakarti ngayun | Tumênggung Mangunnêgara | sakancane pêpêk niyakèng Matawis | andhèr nèng pagêlaran ||
21. wadanane wong mancanêgari | Darmayuda nèng waringin kêmbar | pepe andhèr sakancane | samya ngrêpa tumukul | sawarnine măncanêgari | Ngabèi Pajarakan | nênggih jajaripun | Naladika ing Caruban | Wirasaba Ki Ngabèi Wiragati | Ngabèi Prabaliga[49] ||
22. ing Gêmbong Ngabèi Wangsagati | bupati măncanagri sadaya | nèng waringin kurung pepe | kadêngangan sang prabu | angandika sri narapati | sapa kang pepe ika | sor waringin kurung | matur Pangeran Purbaya | igih abdi panduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda ||
23. sakancanipun măncanêgari | sami pepe ing waringin kêmbar | sri naranata dêlinge | marang gandhèk pangayun | timbalana mring ngarsa mami | tiyang gandhèk [gandhè...]
--- [f. 319v] ---
[...k] agêpah | lampahe lumayu | nimbali Ki Darmayuda | sakancane agêpah kang dèn timbali | lumayu mêmandhapan ||
24. prapta ngarsane sri narapati | mukanira konjêm ing pratala | kang sowan sumuyud kabèh | ngandika sang aprabu | apa sira pèpèkkên iki | Darmayuda tur sêmbah | kawula anuwun | ngujukakên pêjah gêsang | saking tiwas amba atêngga nêgari | ing tampingan bang wetan ||
25. watên mêngsah Makasar ngigahi | watawise tiyang kalih nambang | pun Galesong pangajênge | kalakung gènnya rusuh | arêrayah ing têpis wiring | nêgari Pajarakan | kang rinayah gêmpur | abdi dalêm apuyêngan | ikang băngga punika dipun pêjahi | ikang nutut rinayah ||
26. risak abdi dalêm têpis wiring | nênggih tiyang Makasar punika | watên Dêmung pangagênge | amba anuwun bêndu | kadospundi karsa nrêpati | sang nata ing Mataram | angandika arum | yèn mêngkono Darmayuda | lah sakèhe iya wong măncanêgari | padha sira muliha ||
27. alah sira papaga tumuli | musuh Makasar kang lagi prapta | wong wetan kêrigên kabèh | angluruga mring Dêmung | sira isun wèhi têtindhih | Si Karsula miyanga | nindhihana laku | prange wong măncanêgara | agawaa sira wong mantri panumping | wong sèwu numbakanyar ||
28. watên lêlurahing Saragêni | wasta Angabèi Wangsadipa [Wang...]
--- [f. 320r] ---
[...sadipa] | ya ta ingandikan age | sampun jinujung luguh | pinatêdhan sira nêgari | ing Japara punika | apan kinèn mantuk | anakmu sira gawaa | Si Ngabèi Jagapati aja kari | lawan Si Jamênggala ||
29. kalawan iya Si Ragagati | lah milua marang ing Japara | dening lêluguhmu dhewe | lah wènèhna adhimu | pan Si Tanumênggala iki | tugura nèng Jêpara | Saragêninisun | Si Gunturgêni milua | lan Si Gulu gawaa bêdhil sirèki | milua mring Japara ||
30. lawan lêlurahing wong pasisir | Mangunnêgara sira gawakna | marang Japara sakèhe | dêdimone atugur | nèng Japara dèn ngati-ati | ya ta sri naranata | sêmana wus kondur | malêbêt marang kadhatyan | kang asowana luwaran ing păncaniti |[50] mantuk ukur-ukuran ||
76. Pangkur
[Wadya Mataram sarta mancanegari samya tata gagaman badhé mapag tiyang Makasar.[51]]
1. orêg wadya ing Mataram | pan ing Taji gènnya amêpêk baris | wong măncanêgara kumpul | gêgamannya malatar | wong ing măncanêgara wadananipun | Darmayuda Pasuruhan | wau kang dadi têtindhih ||
2. para bupati bang wetan | sadayane sawmi[52] wismèng Matawis | mangke nèng Taji akumpul | Warung lan Garobogan | ing Sêsela Balora sampun akumpul | ing Jipang lan Jagaraga | Kaduwang lan Panaragi ||
3. ing Madiyun Pamagêtan | ing Kalangbrèt kumpul lawan ing Rawi | tuwin Kadhiri ngalumpuk |
--- [f. 320v] ---
sawadya sowang-sowang | ambêranang awarna-warna dinulu | Adipati Pasuruhan | kalawan Dipati Bangil ||
4. gêgaman pêpêk sadaya | yèn sinawang kadi prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katub ing samirana | kadi ombaking samodra yèn dinulu | gêgaman awarna-warna | lir sêkar sataman asri ||
5. gêbyaring sanjata lanang | kadya kilat yèn tinon angajrihi | bêndhe tinêmbang angukung | angrok syaraning bala | alyir gêrah karciking watang atarung | asrang karbêting gandera | dinulu angraspatèni ||
6. ya ta wau kawarnaa | pan Ki Panji Karsula senapati | tiyang Japara wus kumpul | iku santananira | Kyai Panji saking Japan asalipun | mila nagari ing Japan | sinungakên mring Ki Panji ||
7. lan dadi wadananira | wong panumping ikang sapalih iki | apan asiyaga sampun | sadadananing yuda | kapal agêm ya ta kinambilan sampun | syaraning wadya gumêrah | alyir udan sinêmèni ||
8. Kya Panji pamit ing garwa | ikang para putra sami anangis | kang jalu akêdah tumut | mring rama mangun yuda | ikang ra angampah tansah angimur |[53] ing putra myang para garwa | Kyai Panji ngandika ris ||
9. lah uwis padha karia | dèn abêcik sira sapukur mami | kaya isun datan mantuk | yayi pangrasaniwang | lamun isun yayi tumêkèng ing lampus | isun titip putranira | dene iku maksih alit ||
10. kang garwa matur karuna | mila dika kiyai andarbèni |
--- [f. 321r] ---
pangandika kang kayèku | dening sêdya kawula | mugi-mugi tulusa angawu-awu | tan bisa akrama liyan | amunga kyai pribadi ||
11. Kyai Panji angandika | apan uwis isun karêsèng ati | musuh iki ikang rawuh | sun duga yayi awrat | apan isun pinitayan mring sang prabu | isun kinèn nindhihana | prange wong măncanêgari ||
12. yèn tan ngêntasana karya | pasthi isun yayi tan sae mulih | kang rayi asru amuwun | warnanên nulya bubar | kang tinilar apan kari brăngta wuyung | ya ta Ki Panji Karsula | bubar kang wadya angiring ||
13. wong sèwu panumbakanyar | wong bumija kalawan wong panumping | gêgaman abra dinulu | kadya prawata sêkar | tan kawarna ing Taji pan sampun rawuh | têmpuh gêgaman Mataram | kalawan măncanêgari ||
14. pêpêkan para niyaka | sakathahe prasamya gunêm pikir | Kya Panji Karsula muwus | nêdha sami arêmbag | sampun watên apidudon ikang laku | lah nêdha pinatah-patah | pangawat kanan lan kering ||
15. ing mangke rêmbag manira | Ănggajaya dadia pangawat kering |[54] anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Kaduwang Kamagêtan lan Madiun | ing Warung Garobogan |[55] milua pangawat kering ||
16. dening kakang Darmayuda | mugèng kanan kang dadia têtindhih | dèn sami prayêtnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika sawarninipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabaliga lan ing Bangil ||
--- [f. 321v] ---
17. kang dadi cucuking yuda | wong Kadhiri lawan wong Panaragi | wong Wirasaba puniku | kalawan Kartasana | benjang têmbe aja na mundur ing kewuh | yèn ana ngucirèng karya | pasthi ngong tumbak pribadi ||
18. manira kang dadi dhadha | kang sun kanthi nanging wadya Matawis | sadaya sampun arêmbug | sagung para niyaka | enjing bubar syaraning wadya gumuruh | aramya karciking watang | asrang syaraning turanggi ||
19. untabe punang gêgaman | yèn sinawang kadya sela blêkithi | syaraning bala anguwuh | ing rowang kadi gêrah | kang gêgaman awarna-warna dinulu | kadi wukir kawêlagar | tanpa wilangan kang baris ||
20. datan kawarna ing marga | prapta Japan wau ikang lumaris | tinata gêgaman agung | sami prayêtèng baya | wus atata sigra laju marang Dêmung | sumêdya ngantêp ing yuda | sagung niyakèng Matawis ||
21. ya ta wau kawarnaa | wong Makasar sampun miyarsa warta |[56] yèn wong Mataram wus rawuh | kêrig măncanêgara | pan sumêdya agêcêk mêngsah nèng Dêmung | wong Makasar amalatar | tan sêdya mundur kang galih ||
77. Durma
[Tiyang Makasar sami mondhok wonten ing Demung. Prajurit Mataram saha mancanegari kasoran jurit mengsah tiyang Makasar. Nata Mataram ngutus Prawiratruna supados dados titindhihing prajurit Mataram saha mancanegari ing bang wétan.[57]]
1. wong Makasar pan samya bêbiting sira | baluwartinya igil | wus prayêtnèng baya | watara kalih nambang | wong Makasar kang ngigahi | pan akêkutha | anèng Dêmung arakit ||
2. Raja Glesong sineba ing wadyanira | miwah ikang prajurit | lawan kang sêntana | kang sami trêsnanira | anutakên kang
--- [f. 322r] ---
sih sami | samya prawira | tate angmangun[58] jurit ||
3. Raja Glesong angandika mring santana | aran Dhaèng Makinci | lah ta wong Mataram | wartane padha prapta | anglurugi marang kami | sêdyane padha | gêcêk marang sirèki ||
4. ya ta Dhaèng Makinci ing aturira | èstu kabar puniki | Bupati Mataram | miwah măncanagara | sumêdya gêcêk mariki | kadi mèh prapta | ditên kalih puniki ||
5. Raja Glesong sigra gènnya angandika | iya bapa abêcik | dimon wong Mataram | age padha praptaa | yèn muliha awak mami | marang Makasar | kaliwat wirang mami ||
6. angur isun matia ana ing Jawa | datan asae mulih | angur ngong lajua | aja tagung ing lampah | sun bêdhahe ing Matawis | angur matia | mulih tan angsal kardi ||
7. lah sakèhe sanak isun wong Makasar | padha sun ajak mati | yya tanggung ing lampah | angur payo lajua | parandene sira mulih | tan duwe tanah | angur mati nèng Jawi ||
8. wong Mataram ing besuk kalamun prapta | padha ngantêpa jurit | yèn kakehan lawan | nuli padha mundura | angur ngamuka ing wêngi | dimone uga | kuwur tangkêping jurit ||
9. sampun rêmbag sagung sêntana Makasar | dyan kawarnaa malih | niyakèng Mataram | prasamya pirêmbagan | sumêdya angantêp jurit | pinaju tiga | gêlarira ing jurit ||
--- [f. 322v] ---
10. mêtu kulon sarupane wong Mataram | kang mêdal saking kering | Kyai Ănggajaya | lawan sakancanira | ikang mêdal kanan nênggih | Ki Darmayuda | sakancane ngêbyuki ||
11. nulya prapta surak wadya ing Mataram | sami prayêtnèng jurit | biting ing Makasar | katingalan anglela | ingulukan dening bedhil | suraking bala | lir karêngèng ing langit ||
12. wong Matkasar[59] sampun prayêtna sadaya | anèng sajroning biting | arsa mêtonana | yudane wong Mataram | Raja Galesong nindhihi | pan sampun mênga | wau lawanging biting ||
13. sampun mêdal Galesong sawadyanira | samya angagêm lêmbing | wanèh ngagêm watang | saha gêgamaning prang | tandangira angajrihi | ayun-ayunan | lawan wadyèng matawis ||
14. kadya gêrah surake wadya Mataram | miwah măncanêgari | binendrong sênjata | wong Makasar tan obah | wadya ing mancanagari | sarêng umangsah | ing kanan lawan kering ||
15. prit anêba gêlare wadya Makasar | sampun têmpuh ing jurit | nanging wong Matkasar | pan kêkathahên mêngsah | bingung takêping ajurit | pinaju tiga | sasat krubuhan wukir ||
16. kadar pira kathahe tiyang Makasar | mêngsah mancanagari | pan karoban mêngsah | ya ta wadya Makasar | pêrangira wus kalindhih | mundur sadaya | sêdya aso kariyin ||
17. gènnya pêrang mapan dèrèng asal papan | milanipun kalindhih [kali...]
--- [f. 323r] ---
[...ndhih] | pan palayunira | samya angusi wana | ngalumpuk dados sawiji | wadya Mataram | surake wanti-wanti ||
18. dening musuhira wus musna lumajar | wong Makasar wus gusis | samya ngusi wana | wau panyananira | wus kawus tan angudhili | agadra[60] pira | musuhira akêdhik ||
19. bitingira wau kang arsa binêdhah | pan arsa dèn jarahi | kang sami tinilar | darbèke wong Mêkasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | undhang mring wadyanèki ||
20. alah mêngko aja ana wong rêrayah | dening kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang-enjang | sira ambêdhaha biting | jêjarahana | jêr sing duwe wus gusis ||
21. samya mundur sarupane wong Mataram | miwah mancanagari | sami masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | tata akapang | wadyabala Matawis ||
22. sarupane padha eca manahira | nora duwe kuwatir | dening musuhira | sirna sami lumajar | milane eca kang galih | cucul busana | kuda wus dèn uculi ||
23. tinalawungakên sakèhing gêgaman | mawut têtiyang alit | sêpi pamondhokan | wanèh aguyang[61] kuda | asuka-suka kang galih | pondhokanira | tan mawi dèn rapohi ||
24. kang sawanèh sakeca gènira nendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Makasar | kang sami ngusi wana | sêdyane aso kariyin | datan apisah | sarowange arakit ||
25. wong Makasar
--- [f. 323v] ---
taha lumayu ajriha | saking sayahing jurit | sarencang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | dèn arah-arah | samangsane wus guling ||
26. apan samya apadadanan nèng wana | wêtara têngah wêngi | Galesong ngandika | payo sêdhêng maraa | amukên wong ing Matawis | aja na pisah | barênga ing ajurit ||
27. yèn anêmpuh poma ta dibabarpisan | ayya amindho kardi | angamuka rampak | lah kawusêna pisan | pamondhokanira mangkin | sira obonga | dimon kuwor[62] wong cili |[63]|
28. lah tunjangên ikang parêk tumbakana | ayya arêbut pikir | age umangsaha | lan sagêgamanira | abêcik wong ngamuk wêngi | wus pinilihan | têtiyang kang abêcik ||
29. tan akathah wong Mukasar[64] kang umangsah | watara kawan biting | puniku sadaya | sami pêpênêdira | Galesong ikang nindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Matawis ||
30. wong Mataram sami eca manahira | nora duwe kuwatir | kang miyarsa mojar | iki syaraning apa | wong batur pating barêkik | lah aborana | baturira nauri ||
31. ikang buron mara maring pamondhokan | tan antara dyan prapti | narajang pamondhokan |[65] wong Makasar asurak | alah amuk wong Matawis | sarta angrunjang | pondhok dipun abongi ||
32. apuyêngan [apu...]
--- [f. 324r] ---
[...yêngan] wadyabala ing Mataram | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tanbuh musuh lan rowang | pati-pati agagapi | mawur puyêngan | akathah ikang mati ||
33. tinumbakan marang têtiyang Makasar | datan angsal malêsi | kang sami sudira | pan ora olih papan | katunjang lawan kapipit | mila kèh pêjah | wadya măncanêgari ||
34. apuyêngan pondhokira ingobongan | katunjang dening gêni | tan kobêr amapan | kyèh pêjah padha rowang | kêna gêgaman pribadi | wanèh lumajar | samya arêbut urip ||
35. wong Mêkasar pangamuke kadi yaksa | lir banthèng tawan kanin | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | singa katarajang wiwrin | kathah kang pêjah | wadya măncanêgari ||
36. pan lumayu samya atilar gêgaman | darbèk datan katolih | akèh lumayu wuda |[66] ikang mêntas anendra | pan sami arêbut urip | gègèr puyêngan | bubar padha sawêngi ||
37. pra dipati samya lumajar sadaya | tan tolih anak rabi | tinilar ing bala | lir gabah ingintêran | tan wruh kawula lan gusti | byar raina |[67] larut wadya Matawis ||
38. sirna larut wau saking pamondhokan | darbene ikang kari | wus têlas sadaya | rinayah wong Makasar | Panji Karsula agiris | pan kagegeran | tinilar wadya alit ||
39. pan kalulun malayu ngusi ing wana | sampun raina nênggih | mêdal sa yyang surya | datan kêna
--- [f. 324v] ---
tinata | wadya sampun sirna gusis | sowang-sowangan | kawula lawan gusti ||
40. Panji Karsula laju mring Pajarakan | lan sawadyanya wiwrin | wor măncanêgara | tan ana kang puliha | kawuse kapati-pati | wong agung wetan | samya tilar nagari ||
41. wong Makasar ngusêd[68] sêdyane kang manah | tiyang măncanêgari | pan ingêsuk pisan | marang nêgaranira | wadya bang wetan awiwrin | musuh Makasar | kawus manahe jêring ||
42. samya miris para bupati bang wetan | Pajarakan abalik | Gêmbong Prabalingga | miwah wong Pasuruhan | punika sami abalik | ing Wirasaba | Japan sami abalik ||
43. tiyang măncanêgara ngisis sadaya | wadanane abalik | ya ta kawarnaa | Kyai Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kikin | kalakung merang | mantuka mring Matawis ||
44. nora wande sangêt dukane sang nata | măngsa nêdyaa urip | angrasa yèn tiwas | sira Panji Karsula | lungsêting manah dadya gring | datan akarsa | wau dèn usadani ||
45. kawarnaa Panji Karsula wus pêjah | sêntananya kang kari | wus atur uninga | mring sang natèng Mataram | yèn Panji Karsula mati | wontên ing Japan | nanging tan pêjah jurit ||
46. saundure sakit dènira ayuda | mundur mring Japan nagri | wong mancanêgara | sampun balik sadaya | wadanane sampun balik | pun Darmayuda | cundhuk asrah nagari ||
47. sarêng
--- [f. 325r] ---
mirsa sang nata kalakung duka | sumung wadananèki | sêmutên kang jaja | kumêdut lathinira | sarira lir mêtu gêni | asru ngandika | wau rajèng Matawis ||
48. hèh sakèhe wong pasisir siyagaa | padha puliha aglis | poma dèn sumêpta | ing Dêmung lurugana | Makasar kang pêksa wani | sira tumpêsa | poma dèn olih kardi ||
49. sira adhi Prawiratruna miyanga | kang dadia têtindhih | iya pêrangira | wong pasisir sadaya | para mantri ing Matawis | ikang milua | dèn suka lilèng pati ||
78. Asmaradana
[Prawiratruna kaliyan Wirabumi pados pambiyantu dhateng kumpeni supados saged ngawonaken juritipun tiyang Makasar.[69]]
1. hèh Wirabumi sirèki | lah iya sira milua | ikang dadia kanthine | si adhi Prawiratruna | lawan Si Pulangjiwa | milua nglurug mring Dêmung | kalawan Si Wirawăngsa ||
2. lan Si Panji Wirabumi | lawan Si Suramênggala | poma lah tumpêsên kabèh | wong Makasar ikang prapta | kalawan wong Madura | pariksanên mulanipun | tan seba maring Mataram ||
3. kang ingatag awotsari | ya ta ngandika sang nata | lan Kumpêni sarupane | kang tugur anèng Japara | padha sira ajaka | gawanên ngalurug Dêmung | yèn tan gêlêm sirnakêna ||
4. ayya rêrubêdi[70] pikir | Prawiratruna tur sêmbah | saksana kondur sang katong | lumêbêt ing dalêm pura | kang saos aluwaran | tan kawarna solahipun | tiyang pasisir sadaya ||
5. asamadosan pinanggih | nèng
--- [f. 325v] ---
nêgari ing japara | apan sampun mantuk kabèh | sami adadan baita | muwah ikang gêgaman | mangkana ikang winuwus | Rahadèn Prawiratruna ||
6. pan sampun amêpêk baris | Rahadèn Prawiratruna | lir grah kapitu syarane | gêgaman wus amalatar | lir ombaking samodra | awarna-warna dinulu | lir pendah prawata sêkar ||
7. sampun siyaga waradin | kawula Prawiratrunan | apadede piyandêle | para prajurit siyaga | miwah para sêntana | rahadèn ikang winuwus | apan sampun asiyaga ||
8. lagya apamit ing rabi | kalawan kang para putra | rahadèn alon dêlinge | lah uwis padha karia | kalamun awak iwang | upama tumêkèng lampus | sun atitip putranira ||
9. momonga kang kari-kari | dèn abisa isun tilar | yèn ana galap gampile | isun lawan awakira | sapura-sinapura | ewuhaya wong anglurug | mênawa tumêkèng pêjah ||
10. isun wus karêsèng ati | marmane sira sun wêkas | musuh abot pawartane | isun yayi pinatayan | dening sri naranata | ngundurkên musuh nèng Dêmung | upama tan bangkat karya ||
11. isun nora sae mulih | lah uwis padha karia | dèn bisa sawuriningong | kang garwa sami karuna | ya ta datan winarna | solahira among wuyung | Rahadèn Prawiratruna [Prawiratru...]
--- [f. 326r] ---
[...na] ||
12. wus mangkat lampahirèki | radèn anitih turăngga | abra murub busanane | sêntana lumakyèng ngarsa | wadyabala nèng wutat | gêgaman abra dinulu | yèn tinon awarna-warna ||
13. waos binang lawan jigring[71] | kang cêmêng kumbala badhak | waos sulam lan bung ampèl | kang dadi cucuking lampah | ikang sanjata lanang | alyir kilat gêbyaripun | lir gêrah syaraning bala ||
14. asrang pangriking turanggi | aramya karciking watang | yèn tinon lir sagara rob | lêlayu myang katingalan | katiyup samirana | tan kawarna lampahipun | sampun prapta ing Japara ||
15. arêrêb sagunging baris | Rahadèn Prawiratruna | sumaos pasanggrahane | wontên salêbêting kitha | andhèr wadya Mataram | kalakung gènnya sêsugun | Ki Ngabèi Wangsadipa ||
16. pêpêkan sagung bupati | samadosan ing Japara | bupati pasisir kilèn | pan sampun prapta sadaya | panggihan ing Japara | ing Kêndhal lan Kaliwungu | Batang Pakalongan Têgal ||
17. Barêbas[72] Pamalang prapti | Sêmarang Dêmak wus prapta | saha balanira kabèh | ing Kudus lawan Juwana | ing Rêmbang Pajakungan | sampun pêpêkan supênuh | wontên nagari Japara ||
18. prasamya arêmbag pikir | para bupati sadaya | kang palwa sampun sumaos | atembag[73] anèng muara | palya awarna-warna | Kya Wangsadipa sêsugun | mring niyaka ing Mataram ||
19. ya ta
--- [f. 326v] ---
angandika aris | Rahadèn Prawiratruna | lah kadipundi rêmbage | igih kakang Wăngsadipa | prakawis pun Wêlănda | sawarnine kang atuguk[74] | watên muara Japara ||
20. pangandikane nrêpati | mapan dikakkên abêkta | Kumpêni ing sawarnine | dhatêng ing Dêmung punika | dawêg dika tarosa | kalamun ta botên purun | pangandikane sang nata ||
21. dikakkên nundhung tumuli | kesahe saking Japara | rinaos tambuh gawene | lawan angrubêdi manah | mênawi datan wêkca | Kumpêni ing sêdyanipun | mila mangke winêkasan ||
22. Kya Wăngsadipa turnya ris | mring Radèn Prawiratruna | igih kawula tarose | pun Kumpêni kantênana | kadipundi kang karsa | nulya tinimbalan sampun | ikang wontên ing muara ||
23. amung têtiga anênggih | Kumpêni pangajêngira | Kapitan Dulup wastane | Sareyan Endra punika | kopralipun satugal | kapat juru tulisipun | tan kawarna sampun prapta ||
24. ing ngarsane pra bupati | pasisir lawan Mataram | prasamya pêpêkan kabèh | Ki Ngabèi Wangsadipa | aris gènnya ngandika | timbalane sang aprabu | kapitan marang ing sira ||
25. musungh[75] Makasar kang prapti | tinêmpuhakên mring sira | pangandikane sang katong | sira dikakkên nundhunga | yèn tan gêlêm lumampah | angrêrubêdi ing laku | kaya priye aturira ||
26. kapitan sigra nauri | igih tuwan kasigihan |
--- [f. 327r] ---
pangandikane sang katong | kawula wontên Japara | sêdya asaos karsa | kalamun wontêna musuh | kawula dipun abêna ||
27. punapa karsa sang aji | kawula datan lênggana | sakarsa dhatêng andhèrèk | ya ta kawarna sêmana | wus dadya rêmbagira | apan sumêdya alaju | marang ing yuda kênaka ||
79. Pangkur
[Trunajaya saha tiyang Madura baléla dhateng Mataram.[76]]
1. Radèn Prawirataruna | wus arêmbag karsa bubar tumuli | laju dhumatêng ing Dêmung | karsa mêdal lautan | wong pasisir amêpêk baita sampun | kêbêk jêjêl ing muara | paraune wong pasisir ||
2. ikang wontên palabuhan | kang baita agêng-agêng marnèni | ya ta kawarnaa wau | sagung para niyaka | sampun sami anumpak baitanipun | gandera samya binabar | lir sêkar sataman asri ||
3. sami anêmbang têngara | pra bupati lir udan sinêmèni | gamêlan pating carêngkung | ragêp[77] yèn piniyarsa | asrang lawan ombaking sagara nêmpuh | mring baita pan lumarap | kang toya awarni-warni ||
4. prasamya ambabar layar | pra dipati layare warni-warni | tinon pan asri malêdug | kayuyun kang tumingal | tan antara dhatêng ikang angin laut | baita sarêng alayar | pambêlah nyêpêng kamudhi ||
5. lir paksi kêrdha rêratyan | kang baita rampak anèng jaladri | sarêng ngêmbara malêdug | sagung para bupatya | kang gandera minăngka têngêranipun | gandera [gande...]
--- [f. 327v] ---
[...ra] awarna-warna | lir sêkar sataman asri ||
6. yèn pinirsa anglir gêrah | kang gamêlan asrang ombak jaladri | asangêt angin kang nêmpuh | palya pating salêbar | saking jêmbaring samodra yèn dinulu | baita arêbat paran | asangêt panêmpuh angin ||
7. kawarnaa lampahira | pulo Mandhalika sampun kawuri | asal angin palyanipun | agancang lampahira | wus katingal Surabaya ujungipun | ya ta gancanging carita | ing muara wus angranjing ||
8. kawarnaa sampun mêntas | pra niyaka pêpêk nèng Surabanggi | baitanira akumpul | anèng ing palabuhan | pra bupati samya masanggrahan sampun | Radèn Prawirataruna | kinêpung mring wong pasisir ||
9. wadyabala Surapriga | samya suka manahira tan sipi | ngrasa têtêp manahipun | lakung sêsugunira | marang Radèn Prawiratruna sumuyud | tiyang pasisir sadaya | padadanan Surabagi ||
10. Radèn Prawirataruna | dadar-dadar mring wadya lakung asih | ardana busana agung | muwah para sêntana | kinulawesuda sadayanipun |[78] kawula Prawiratrunan | suyude ing lair batin ||
11. tambuh kang winalêsêna | pan kawratan sih mulènira gusti | kang wadya sadayanipun | ngajak têmpuh ing yuda | age naur sih mulène ing gustinisun |[79] dening asih têmên mringwang | isun saurane [saura...]
--- [f. 328r] ---
[...ne] pati ||
12. pêpêk kang para niyaka | asêseban sami agunêm pikir | Prawiratruna amuwus | mring bupati sadaya | kadipundi ing karsa sami ngong tantun | aprakawis pun Madura | lah kadipundi ing mangkin ||
13. tan aseba mring Mataram | wis sawarsa malah punjul ing mangkin | manira iki ingutus | ana ing Surabaya | wong Madura siji datan ana muncul | pangandikane sang nata | kinèn mariksa kariyin ||
14. mangke nêdha ingutusan | kantênane yèn ala yèn abêcik | para niyaka arêmbug | nanging kula miyarsa | Trunajaya kang bêbêg sadayanipun | mila têtiyang Mandura | tan sowan dhatêng Matawis ||
15. mangke prayogi ngutusan | kantênane sampun rêridhu galih | nulya rahadèn angutus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan suratipun | paringna Ki Trunajaya | ing Sampang kang anugoni[80] ||
16. utusan sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surabanggi | ya ta wau kang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika saking ing Dêmung | pan sampun linting kang rêmbag | lan Raja Galesong nênggih ||
17. milane Ki Trunajaya | tan anunggal mring Raja Glesong nênggih | mênawa ta wong Matarum | angrusak wong Mandura | lan maninge mênawi kèsêr[81] ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bakong saking wuri ||
18. kawarnaa kang putusan | sampun prapta Madura kintun wêling | sêmana pan sampun katur |
--- [f. 328v] ---
mring Radèn Trunajaya | lamun wontên ing wau utusanipun | Rahadèn Prawiratruna | nuntên kinèn animbali ||
19. nanging ta Ki Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan wus rawuh sampun | angaturakên surat | tinampanan nuwala binuka sampun | sinukmèng jroning wardaya | pèngêt bêbukane tulis ||
20. kang sêrat sira Rahadyan | Prawiratruna sêntana ing Matawis |[82] sarta salam donganipun | dhatênga ikang wayah | Trunajaya ing Madura wismanipun | wiyose Ki Trunajaya | dika dalêm mring sirèki ||
21. mulane wong ing Madura | boya seba iya marang Matawis | katur marang sang aprabu | kalamun pêkênira | ikang pênging aseba marang Matarum | apa nyata mêngkonoa | iya ujaring pawarti ||
22. lan maninge wong Madura | kinèn ngirid dening sri narapati | anglurug marang ing Dêmung | agêcak wong Makasar | sampun têlas kang surat bêbukanipun | angling Radèn Trunajaya | dhatêng utusan amanis ||
23. alah ta sira matura | marang eyang nora sêdya angipi | lamun ta awak isun |[83] ngukuhi wong Madura | tawa pênging aseba maring Matarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
24. ing mangke wontên parentah | angêriga tiyang Madura iki | angluruga marang Dêmung | manira pan sumăngga | sampun siyang nadyan latri tan kumukuh | manira dhatêng sumăngga | kang abdi [a...]
--- [f. 329r] ---
[...bdi] asaos kardi ||
25. nanging ta awak manira | nora miyang sawab lagi asakit | nanging kang abdi sadarum | manira kèn lumampah | rumiyina dening sapukuring[84] rèku | wong Madura yèn wus dadan | nusul dhatêng Surabanggi ||
26. ya ta sampun sinambrama | kang utusan pan sarya pinusalin | ya ta anulya tinundhung | duta pamit anêmbah | sampun mangkat datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Surabaya | wus cundhuk mring gustinèki ||
27. Rahadèn Prawiratruna | kang utusan matur sarwi wotsari | wus katur sasolahipun | ya ta wau rahadyan | sakarêpe Trunajaya sampun wêruh | lamun sinăngga ing krama | nanging ta dipun ecani ||
28. sok kondura wong Makasar | wong Madura gampang kapanggih wuri | rahadèn sampun arêmbug | arsa anuli bubar | ya ta nuli amêpêk baitanipun | ing pasisir kadi gêrah | kadya udan sinêmèni ||
29. parau awarna-warna | apadene baitaning Kumpêni | ing lautan myang gumuruh | sami nêmbang têngara | apan sarêng gènnya bèbèr layaripun | gandera awarna-warna | saksana tinêmpuh ngangin ||
30. lir paksi kêrdha rêratyan | apan sarêng ngêmbara ing langit |[85] yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêkan | sarêng layar saking jêmbar sagara gung | kang palya pating salêbar | dening baita Kumpêni ||
31. winastan baita kapal | pan alayar [ala...]
--- [f. 329v] ---
[...yar] anèng wuri atêbih | ya ta kawarnaa ngênu | gènnya layar wus prapta | Panarukan amigir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | prasamya prayitnèng wèsthi ||
32. wus migir ikang baita | ênêngêna pra niyaka pasisir | kocapa kang anèng Dêmung | Galesong amiyarsa | lamun niyaka ing Mataram sampun rawuh |[86] kalawan para dipatya | gêrigan[87] wadya pasisir ||
33. Raja Galesong ngandika | lah pêpêkên kabèh prajurit mami | lan sêntana dèn akumpul | wus prapta pirêmbagan | wong Makasar sumêdya sarêng agêmpur | atiga[88] sapatarangan | Raja Galesong makya ngling ||
34. lah kakang Dhaèng Marewa | adadana sakapraboning jurit | manira arsa amêthuk | yudane wong Mataram | dèn prayitna aja na mundur ing kèwuh | pawartane wong Mataram | baitane wus amigir ||
35. dening ta sêdya manira | ing ayuda sun apanggih pasisir | lawan mêpêka parau | sampanan lan lêlanang | pilihana baita kang kukuh-kukuh | mênawa prang ing sagara | saosa parau alit ||
36. lah payungana kewala | marmitane sun ngage baita alit |[89] akêbat ing watêkipun | lêmbing sira pêpêka | lah mênawa amapag pêrang nèng laut | lah sêsiwonên kewala | isun dhewe kang ngawaki ||
37. sakèhe wong têtêlukan | măncanagara ana awuri têbih |[90] mênawa tan sêtyèng kayun | wantu
--- [f. 330r] ---
wong dudu băngsa | Dhaèng Mrewa ya ta wau awotsantun | mêdal angundhangi bala | têngara tinêmbang muni ||
38. tiyang Makasar sadaya | wus siyaga sakapraboning jurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Makasar | ngangah-angah yèn angarêpakên musuh | dening ta kaya agea | atêmpuha ing ajurit ||
39. Raja Galesong siyaga | wus rinakit sakapraboning jurit | kang jimat sampun rinasuk | sêdya angantêp yuda | sasampune siyaga Galesong mêtu | ingiring para sêntana | miwah sagunging prajurit ||
40. initihi[91] kang turăngga |[92] busanane yèn tinon murub asri | kawarnaa solahipun | wong Mêkasar lir yaksa | Radèn Prawiratruna sawadyanipun | amigirakên kang palya | warnanên wadya pasisir ||
41. akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang nèng jaladri | miwah ta biatanipun[93] | Kumpêni nèng samodra | nanging Răngga Sidayu kang sampun rawuh | lan Ngabèi Singawangsa | para prajurit Matawis ||
42. wus sami prapta sadaya | samya mêntas anèng pigir kêkisik | ya ta asiyaga sampun | sadadananing yuda | pan andhêndhêng wong Mataram barisipun | gêgaman awarna-warna | abaris pigir pasisir ||
43. Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ki Panji Wirabumi | Ki Wirawangsa garêgut | lawan Suramênggala [Suramêng...]
--- [f. 330v] ---
[...gala] | gih punika para prajurit Matarum | solahe lir wrêdu ăngga | angajak têmpuh ing jurit ||
44. datan adangu sêmana | wong Makasar amêtoni ing jurit | sarta sagêgamanipun | bêndhenira tinêmbang | angajrihi wong Makasar tandangipun | alyir pendah saradula | mara sarya oclang lêmbing ||
45. wadyèng Mataram tumingal | yèn mêngsahe Mêkasar andhatêngi | anêmbang têngaranipun | gumêr bala Mataram | wong pasisir akathah kang dèrèng rawuh | kasêlak mêngsahe prapta | datan arsa angunduri ||
80. Durma
[Prajurit Mataram perang mengsah tiyang Makasar ing Surabaya. Prajurit Mataram kawon juritipun, kyai Prawiratruna lampus.[94]]
1. ya ta mara prajurite wong Makasar | Galesong kang nindhihi | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | kadya bajo angajawi | mara ing rana | syarane ting barêkik ||
2. sigra mara prajurite wong Mataram | sêdya ngantêp ing jurit | ya ta binêdhilan | Mêkasar ikang mara | syarane sênjata muni | lir langit bêdhah | mimis kadya garimis ||
3. datan kandhêg tiyang Mêkasar kang mara | sadaya bèr kuwanin | sêdyaning ayuda | saroh[95] amuk kewala | wong Mataram anadhahi | têmpuhing yuda | lir udan sinêmèni ||
4. wong Mataram tan kandhêg pambêdhilira | wanèh ngamuk lan lêmbing | ana lan curiga | kang katarajang bubar | akathah ikang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk karo cundrik ||
5. rencangipun kang sami pêjah ing rana | pan nora dipun tolih | ingidêk kewala | lajêng
--- [f. 331r] ---
pangamukira | kadya banthèng tawan kanin | wadya Makasar | ebat kang aningali ||
6. wong Mataram ikang mundur tawan brana | kang katrajang angisis | akathah kang pêjah | datan măngga puliha | rusak wadya ing Matawis | tangkêping yuda | lir gabah dèn intêri ||
7. kadya gêrah syaraning bala kabranan | wong Mataram agiris | pan pangamukira | wong Makasar lir yaksa | datan kondur dening bêdhil | prajuritira | wong Mataram ngawaki ||
8. Suramênggala kalawan Ki Surawăngsa |[96] lan Panji Wirabumi | lan Ki Pulangjiwa | sarêng mangsah ing yuda | sêntana sarêng ngawaki | samya kotbuta | ramya têmpuhing jurit ||
9. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | nanging wadya Makasar | pangamuke datan nolih | tiyang Mataram | katrajang sirna ênting ||
10. prajurite wong Mataram kathah pêjah | Ki Panji Wirabumi | wus anandhang brana | miwah Suramênggala | kondure atawan kanin | pan binabayang | rusak wong ing Matawis ||
11. Radèn Prawirataruna apan tumingal |[97] rusake kang prajurit | dyan mundhut turăngga | lawungira cinandhak | karsa ngawaki pribadi | pan abra muncar | busananing turanggi ||
12. alah iya panêdhanisun Yyang Sukma | sun aja mulih urip | marang ing Mataram | muliha binandhusa | katura marang sang aji | pan wis dilalah | rusak nagri Matawis ||
13. yya mênangi
--- [f. 331v] ---
isun rusaking Mataram | tan bisa anglakoni | angur ta matia | anèng têngahing rana | kudane dipun camêthi | sira rahadyan | karsa mangsah ing jurit ||
14. warnanira radèn lir pangantèn anyar | cahya ijo awilis | kang para sêntana | angiring datan têbah | kawan dasa winatawis | apan punika | sumêdya sarêng mati ||
15. lêlurahe awasta Ki Sewajaya | Sewatruna sawiji | lawan Sewabangsa | kapat Ki Sewataka | sêntananira kêkalih | Ki Jayatruna | kalawan Wirakêrti ||
16. dyan umangsah Rahadèn Prawiratruna | kulawarganya ngiring | dyan pangarsanira | sampun têmpuh ing yuda | arame ikang ajurit | wadya Makasar | angamuk ngobat-abit ||
17. wadya Prawiratrunan arsa ta mundura |[98] pan katuwukan êsih | sami pêjah ngajang | sadaya tatu jaja | tan wontên asambat ajrih | ngajêng palastra | ing wuri taksih wani ||
18. arsa mundur ningali mring gustinira | mila atêmah pati | campuhing ayuda | gêmpur sami palastra | Ki Sewatruna wus mati | atatu jaja | Manguntruna ya kanin ||
19. Wirakarti palastra atatu jaja | rahadyan aningali | yèn sêntana têlas | Radèn Prawiratruna | turanggane cinamêthi | kang maksih gêsang | sêntana angampingi ||
20. lah payo kabèh ta sêntananiwang |[99] padha sun ajak mati | ya ta Sewajaya | matur mring gustinira |
--- [f. 332r] ---
sampun ta age ajurit | lamun kawula | gusti têksiha urip ||
21. yèn kawula gusti sampun palastra |[100] sakarsa dalêm gusti | kawula tan wikan | angandika rahadyan | iya tarima sun iki | pracayanira | nanging sun milu mati ||
22. dyan umangsah Rahadèn Prawiratruna | kudane dèn camêthi | ikang kulawarga | mapan datan atêbah | surak lir karêngèng langit | wadya Makasar | sarêng maju ing jurit ||
23. ngiwad-ngiwud pangamuke wong Makasar | lir banthèng tawan kanin | têmpuhing ayuda | panggih sami sudira | tan ana angucap ajrih | pancas-pinacas[101] | arame silih ukih ||
24. ramening prang apan sampun long-linongan | wong Makasar angukih | tangkêping ayuda | saroh amuk kewala | wadyèng Mataram kèh mati | balane radyan | kang wuri taksih wani ||
25. pan katingal pasihane gustinira | mila datan gumisir | arsa mundur merang | mila têmah palastra | para sêntana kèh mati | tan amundura | kang urip maksih wani ||
26. Radèn Prawiratruna têtêg ing ayuda |[102] panggah prawirèng jurit | sêntananya têlas | mila ngamuk priyoga | apan sampun ambêk pati | wau rahadyan | angamuk mobat-mabit ||
27. Sewajaya kalawan pun Sewabangsa | pan sampun ambêk pati | angamuk manêngah | wong Makasar kèh pêjah | Raja
--- [f. 332v] ---
Galesong aruntik | ngatag sêntana | payo mangsah ajurit ||
28. Radèn Prawiratruna pangamukira | pan sampun nandhang kanin | kang para sêntana | tumpês tan ana gêsang | mati satêngahing jurit | Ki Sewajaya | pan samya nandhang kanin ||
29. Sewajaya mundure atawan brana | bingung takêping jurit | nanging ta rahadyan | pangamuke kotbuta | apan sampun nandhang kanin | nora ngapaa | radèn tan sêdya urip ||
30. aningali sêntana têlas sadaya | mila sangsaya ngukih | têtiyang Makasar | akathah ikang pêjah | karepotan ing ajurit | sira rahadyan | kang ngampingi wus ênting ||
31. Sewajaya mêndhêk anungkêmi pada | matur sarya anangis | dhuh gusti rahadyan | arêbuta koripan | sakèhing wadya kang urip | umatur samya | ngantosi wong pasisir ||
32. adhuh gusti sêntana sampeyan têlas | kawula nandhang kanin | taha ta kawula | yèn ajriha palastra | awêlas paduka gusti | sêdya kawula | gusti aso kariyin ||
33. lah suwawi agèr numpaka ing palya | lêhêng ngusi jaladri | têtiyang Mataram | sampun kuwur sadaya | datan kêni pulih gêtih | tuwan ngantosa | bupati ing pasisir ||
34. pan tinurut saature Sewajaya | kondur dhatêng pasisir | têtiyang Mataram | sami rêbat baita | sawanèh kang wadya kari | pating karêngkab [ka...]
--- [f. 333r] ---
[...rêngkab] | tan antuk baitèki ||
35. wong Mataram alyir gabah ingintêran | wanèh baita alit | kêkathahên rowang | kèrêm pating kurambang | ana ngrêbat datan polih | gêbyur kewala | anglangi ing jaladri ||
36. wong pasisir ikang anèng ing samodra | awas dènnya ningali | yèn tiyang Mataram | pêrangipun kasoran | ya ta bupati pasisir | baitanira | pan samya dèn dhayungi ||
37. Radèn Prawiratruna panggah ingayuda |[103] ngadêg pigir kêkisik | angantèni bala | kang tan antuk baita | pating gadhusang[104] wadya lit | saking jrihira | sumêdya rêbut urip ||
38. pan kasaratan palyanira rahadyan | pan kêkathahên jalmi | gonjing kang baita | ya ta kèrêm sêmana | sampun karsaning Yyang Widi | lamun rahadyan | pan tinagih ing pati ||
39. ting karambang kang kèrêm anèng samodra | ikang kasilêp mati | solahing sujalma | apan pating kudhangsang | baita Makasar prapti | adhêdhayungan | baitanipun alit ||
40. gêgamane saligi lawan brangkolang | baita ing Matawis | samya gineyetan | têtiyang ing Mataram | sadaya manahe giris | mêngsah baita | alit tan angobêri ||
41. wong Mataram kathah mati dening toya | sawanèh sinaligi | baita kèh rêmak | ya ta wau Rahadyan | Prawirataruna têksih | ngadêg muara | wadyanira angisis ||
42. Radèn Prawirataruna sampun angrasa |[105] yèn tinagih ing pati | apan ta sumăngga [sumăng...]
--- [f. 333v] ---
[...ga] | ing karsane Yyang Sukma | amicara jroning ati | alah kantuna | gustiku ing Matawis ||
43. gih kawula sri narendra amit pêjah | masul[106] ing sihing gusti | kawula wus tuwa | lêhêng nuli pêjaha | anèng satêngahing jurit | karsaning Sukma | rusak nagri Matawis ||
44. Sewajaya anangis nukêmi pada | brananya angranuhi | dhuh gusti kawula | ing dunya ing akerat | kawula dadosa abdi | lah kapagiha | kawula lawan gusti ||
45. angandika Rahadèn Prawiratruna | isun tarima ugi | iya padha-padha | galap gampil manira | pura-sinapura ugi | singa palastra | aja malang tumolih ||
46. Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | ngandika rahadyan | isun belani sira | isun awirang ya urip | angur matia | sêntananisun ênting ||
47. wong Makasar akathah kang sami prapta | rahadyan dèn kêmbuli | wus atawan brana | radyan tiba alênggah | wus nyana tumêkèng pati | ikang karasa | para putra ing wuri ||
48. atanapi wau ikang para garwa | dèn bêcik sira kari | isun nêmahi pêjah |[107] anèng têngahi[108] rana | rahadyan kawratan kanin | sampun pralina | radèn wus agumuling ||
49. arsa tinigas mustakanira rahadyan |[109] Kumpêni sigra prapti | mêntas saking palya | tiyang Ambon punika | lan Têrnete rowangnèki | sarta sênjata | gêgamaning Kumpêni ||
50. ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kuwawi nadhahi [na...]
--- [f. 334r] ---
[...dhahi] | mimis kadi udan | ya ta tiyang Mukasar | lumayu angusi biting | atangkêb lawang | wong Makasar awiwrin ||
51. wus karêbut wau layone rahadyan | dyan binêkta tumuli | migah ing baita | pan sampun binadhusa | ingantukakên kariyin | sigra alayar | sadaya aprihatin ||
52. sakarine wau kang para sêntana | ngiringakên rumiyin | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | lawan niyakèng pasisir | labuh sadaya | wau anèng jaladri ||
53. datan wontên kang mêntas anèng dharatan | cinarita alami | anèng i samodra | ya ta apagunêman | Suramênggala lan malih | Ki Surawangsa | Răngga Sidayu sigih ||
54. angandika Ki Ngabèi Surawăngsa | Suramênggala angling | kadipundi kakang | puniki ikang rêmbag | wontên têngahing jaladri | tanpa wêkasan | suwawi samya migir ||
55. tan kuwawi manira katrajang ombak | kadi binanting-banting | lan malihe kathah | ikang dados sumêlang | igih Kumpêni puniki | raosing manah | tan tuhu angrencangi ||
56. lan malihe wong Sampang dados sumêlang | tan sande anampêki | yèn sêmbada karsa | dawêg migir punika | ing Paiton lah ingusi | dening baita | sami mondhok ing kali ||
57. samya rêmbag wau kang para niyaka | Ki Singawangsa angling | nanging ta manira | iki tan kadhèrèka | amigir mondhok ing
--- [f. 334v] ---
kali | lêhêng manira | labuha nèng jaladri ||
58. tiyang pasisir kang prasamya arêmbag | sigra layar tumuli | kang para niyaka | ing Paiton sinêdya | kawarnaa sampun prapti | sagung baita | apan sami angranjing ||
59. ing Paiton gènnya sami tatan-tatan | pra bupati pasisir | lan mantri Mataram | baitane ngalêmpak | samya alabuh ing kali | sami prayitna | prajuriting Matawis ||
60. pan sadaya samya mêntas ing dharatan | baris pigiring kali | anging Singawangsa | maksih anèng samodra | tan tumut labuh ing kali | sawadyanira | wong anom anèng ngarsi ||
81. Sinom
[Prajurit Mataram dipunpandhégani nata Mataram lumurug dhateng Surabaya.[110]]
1. ya ta karsaning Yyang Sukma | wadyabala ing Matawis | apês pan kirang wêweka | têka alabuh ing kali | ya ta surud kang warih | pan kandhas baitanipun | Lèpèn Paiton asat | parau tan kêna migir | kawarnaa têtiyang Makasar prapta ||
2. apan ta nora akathah | wong Mataram tan udani | ya ta sarêng praptanira | gègère yayah sinipi | baita dèn abongi | mila sangêt gègèripun | Kali Paiton asat | baya wus karsaning Widi | apuyêngan wadyabala ing Mataram ||
3. gêgaman anèng baita | têlas sadaya kabêsmi | sangune datan karêbat | nanging datan angudhili | wong pasisir angisis | baita kasatan wau | tanbuh polahanira | arsa amagut ing jurit | gêgamane sadaya têlas kabakar [ka...]
--- [f. 335r] ---
[...bakar] ||
4. samya lumayu sadaya | wong Mataram pan angisis | Ki Ngabèi Singawangsa | Suramênggala lumaris | kalulun ing wadya lit | Suramênggala lumayu | têtiyang ing Makasar | polahe agêgilani | angrêrayah baitane ingobongan ||
5. ya ta wau kawarnaa | solahe tiyang Matawis | samya lumayu sasaran | gènnya angusi atêbih | lakung gènnya prihatin | wadya lit sami anjêtung | sangunira pan têlas | raja busana pan ênting | pan kabakar anèng sajroning baita ||
6. tiyang alit alorodan | datan bêtah nora bukti | milane akathah migat | lan pinarag ing gêgêring | manahe sêdhih kikin | dening têlas sangunipun | prasamya pirêmbagan | para mantri ing Matawis | Surawangsa kalawan Suramênggala ||
7. Răngga Sidayu punika | Singawangsa wus amigir | saking samodra wus prapta | Suramênggala mangkya ngling | kadipundi ing pikir | puniki pêpênêdipun | wong cili alorodan | tan kêlar nora abukti | sangu têlas kabakar anèng baita ||
8. èmênge ati manira | arsa ambanjêl ing jurit | tanbuh kinarya gêgaman | milane pêgêl kang ati | punika yèn suwawi | lah ingunduran karuwun | dhatêng ing Surabaya | punapadene ing benjing | arêmbuga dhumatênga ing Japara ||
9. prasamya rêmbag sadaya | para [pa...]
--- [f. 335v] ---
[...ra] bupati pasisir | atanapi wong Mataram | saksana bubar tumuli | ênêngêna ing mangkin | tiyang ing pasisir iku | kocap natèng Mataram | dukane yayah sinipi | sadhatênge wau layone rahadyan ||
10. Rahadèn Prawiratruna | kapupu têngahing jurit | mantukira binandhusa | ya ta ikang para rabi | lara sami anangis | miwah putra ikang kantun | lumayu kapang-kapang | lakung dening kawlasasih | para garwa sami amapag bandhusa ||
11. tiyang Prawiratarunan | lir gêrah syaraning tangis | kang duwe laki pralaya | aniba-niba anangis | para sêntana ugi | datan wontên ikang mantuk | sami tumpês ing rana | lir grah kapitu kang tangis | sêsambate kiyai banjutên iwang ||
12. sêsambate kang taruna | katuwone awak mami | pan dadi răndha nonoman | durung warêg pulang rêsmi | asal isun apanggih | lagi pira laminipun | nuli isun tinilar | mangke puwara ngêmasi | kaniaya si jênat ikang têtilar ||
13. ya ta wau kawarnaa | sri narendra ing Matawis | enjang miyos sinewaka | sri narêndra asmu runtik | gènnya miyos tinangkil | katawis ing sêngêripun | andhèr ing pagêlaran | pangran dipati anangkil | akalihan lan Pangeran Singasêkar [Singa...]
--- [f. 336r] ---
[...sêkar] ||
14. lan Pangeran Mêrtasana | Pangeran Pugêr anangkil | nuli kang para sêntana | wau ikang anambungi | Pangran Surabayèki | nuli wau jajaripun | Pangeran Prigalaya | pêpêk sada anangkil |[111] sinambungan wau Tumênggung Mataram ||
15. lawan Radèn Wiratmêja | Wiramênggala anangkil | Tumênggung Mangunnêgara | lan Ngabèi Wiramantri | sumuyud kang anangkil | dening nata mawi bêndu | garap gènnya ngandika | sri bupati ing Matawis | mring kang putra Pangran Dipati Mataram ||
16. sira dhewe kang miyanga | lan adhimu Singasari | mapaga musuh Makasar | dening datan angudhili | tiwase wong Matawis | ikang nglurug marang Dêmung | lah eyang Purubaya | dika sêsêpuhi mangkin | lah tumuta dhatêng wayah-wayah dika ||
17. lan adhimas ing Balitar | puniku andika kanthi | Si Arya Pamot milua | lan Si Rajamênggalèki | lawan Si Wirapati | milua marang ing Dêmung | lawan Si Wirajaya | lawan wadya ing Matawis | partêlunên sira tilara saduman ||
18. alah poma wêkas iwang | putranisun ki dipati | ing Madura ampirana | sira gêmpura ing benjing | Si Trunajaya ugi | patènana dipun lampus | iku kang gawe ala | mulane wong Sampang iki | pambalike iya têkèng Trunajaya ||
--- [f. 336v] ---
19. putranisun Cakraningrat | milua ki adipati | mênawa si wong Madura | ana ikang maksih eling | sampunira winêling | pangran dipati wotsantun | ing rama sri narendra | kang putra wus dèn idèni | dyan Pangeran Singasêkar atur sêmbah ||
20. ya ta lèsèr sri narendra | lumêbêt ing dalêm puri | kang asewaka luwaran | wadyabala ing Matawis | samya adadan sami | tan kawarna polahipun | enjang nêmbang têngara | wau pangeran dipati | kadya gêrah syaraning wadya Mataram ||
21. para mantri pinêrtiga | saduman wau kang kari | gêgaman wus amalatar | kadi ta prawata sari | dening kagiri-giri | surêm giwangkara mêndhung | kasênênan gêgaman | dening ta awarni-warni | yèn sinawang kadi ta prawata sêkar ||
22. wong kadipatèn malatar | pan sampun amêpêk baris | sawarnine kang wahana | pan sampun dèn busanani | lir yangyang mugèng tulis | gêgaman abra dinulu | para mantri Mataram | sadaya saos ing gusti | busanane yèn tinon awarna-warna ||
23. apan lagya abusana | kanjêng pangeran dipati | dhasar wong bagus utama | angrasuk busana adi | prajuritan rinakit | kadi Yyang Asmara nurun | saking Endrabuwana | tuhu dewaning pawèstri | cahya wênês lir wulan asasadara ||
24. wau ikang para garwa | tanapi [tana...]
--- [f. 337r] ---
[...pi] sêlir kêkasih | kang binêkta wus adadan | lir sêkar sataman asri | busananing kêkasih | sami ngayap sang abagus | garwa ikang tinilar | ature amêlasasih | arsa tumut angiring datan kalilan ||
25. putrane Ki Mangunjaya | punika garwa kêkasih | arsa tumut ing payudan | pangeran tan alilani[112] | wantune wong ajurit | wong ayu mênèk katawur | eman mênawa ilang | isun dhewe kang nglakoni | sira rara anèng dalêm amuktia ||
26. sun yayi măngsa lawasa | apan isun nuli prapti | sumêlang isun kusuma | datan bêtah pisah lami | lah sangonana yayi | sêkar lorodaning gêlung | kalawan gantènira | sun karya panglipur brangti | ikang garwa sumukêm pakoning priya ||
27. uwis lah yayi karia | poma ta sapukur mami | aja sira agung brăngta | kang rayi asêmu tangis | dyan ingaras tumuli | sang ayu tansah ingimur | wus lêjar sang kusuma | kang wadya kinèn ngundhangi | sigra bubar Pangran Dipati Mataram ||
28. para sêlir kang binêkta | anitih tandhu jinoli | jajarane amalatar | kang parêk dipun buntari | dyan pangeran dipati | anitih turăngga sampun | busana abra muncar | pinayungan kartas kuning | sigra bubar ginarêbêg dening bala ||
29. Tumênggung Rajamênggala | kang dadi cucuking jurit | ikan lumampah [lu...]
--- [f. 337v] ---
[...mampah] ing ngarsa | sabalanira angiring | gêgaman warni-warni | patêngêran tugulyulung | ciri wênara pêthak | gandera palisir wilis | kadi kilat gêbyare sênjata lanang ||
30. Pangran Arya Pamot sira | sarêng lawan Wirapati | saha balanya malatar | wong panumping lawan bumi | dadya cucuking jurit | lumampah muguh ing ngayun | wong sèwu numbakanyar | wong gêdhe dadi pamburi | yèn pinirsa kadi ombaking samodra ||
31. nuli Pangeran Balitar | wau ikang anambungi | rêspati nitih turăngga | payung agung amarapit | ikang bala angiring | têtabuhan ngarsa umyung | panurung waos sulam | wong numbak putih nambungi | tugul pêthak acira[113] liman amêta ||
32. nuli Pangeran Purbaya | rêspati nitih turanggi | busananya abra muncar | pinayungan kartas wilis | ikang abdi marapit | sami prayitna ing kewuh | dene kang mugèng wutat | wong satus panumbak putih | mugèng ngarsa waos cêmêng cêcebolan ||
33. waos binang winêgigan | liring badhak abra asri | sawênèh wêgig lar mêrak | kang cêcêp sinêlan jigring | ing ngarsi saragêni | sênjata lanang bra murub | akulambi sakêlat | kang abêkta sami wani | apangirid gandera muguh ing ngarsa ||
34. nuli pangeran ing Sampang | wau ikang anambungi | titihanira turăngga |
--- [f. 338r] ---
pinayungan kartas wilis | balanira akêdhik | mung patêdhane sang prabu | têtiyang kawan dasa | kang bêkta waos marapit | wong Madura sawiji tan ana prapta ||
35. apan ta sampun alama | bubare têtiyang alit | Pangran Madura tinilar | awisma anèng Matawis | anulya kang nambungi | pangran dipati nèng pukur | rêspati nitih jolang | para prajurit marapit | busanane kang prajurit warna-warna ||
36. tiyang mamas pitung dasa | samya akulambi kuning | sinambungan waos sulam | kang bêkta kulambi abrit | sami ya udhêng kuning | kasambungan waos biru | kang bêkta bajo seta | sinambungan waos jigring | kang abêkta abajo sakêlat abang ||
37. nuli wau sinambungan | wong satus anumbak putih | waos cêmêng cêcebolan | kang abêkta wong pinilih | têngêrane rêspati | pêpare anom malêdug | akathah yèn winarna | gamane pangran dipati | wontên dene ing pukure jêng pangeran ||
38. pangeran ing Singasêkar | saha balanya marapit | rêspati nitih turăngga | payung agung amarapit | asasong kartas kuning | busana turăngga murub | Tumênggung Wirajaya | wau kang dados pamiking[114] | saban ari prayitna ing guladrawa ||
82. Dhandhanggula
[Trunajaya saking Madura asilih nama Madurêtna. Trunajaya kaliyan Galengsong saéka kapti badhé bedhah Mataram. Wadya Madura saha Makasar mengsah yuda kaliyan prajurit Mataram.[115]]
1. kang tinilar sami agung brangti | wanèh
--- [f. 338v] ---
angatêrakên ing marga | rangu-rangu sapolahe | kang duwe laki nglurug | alyir pendah tinilar mati | manah lakung sumêlang | wanèh ana muwun | aniba ing pagulingan | kang sawanèh angatêrakên ing margi | tansah asêmu waspa ||
2. wanèh ana ikang nyênyangèni | mugi salamêta ikang lunga | sun cêcadhang satêkane | kang sawanèh amuwus | yèn salamêt kiyai benjing | sun kon wayuh sakawan | iku kaul isun | ikang sawanèh angucap | aku ora kiyai isun dhèwèki | jêr tinilar alawas ||
3. ênêngêna wau kang lumaris | kawarnaa Radèn Trunajaya | ing Sampang kalarèhane | trahing Madura ratu | kaponakanira dipati | ing Sampang Cakraningrat | balila ing ratu | anake Dêmang Malaya | pan kamantu Pangeran Kajoran nênggih | angadêg Surabaya ||
4. ya ta wau asilih kêkasih | nama Panêmbahan Madurêtna | Panatagama arane | wong Surabaya suyud | datan ana wani malangi | tiyang ing Surabaya | sangêt risakipun | kancikan ing wong Madura | wantunipun wong Sampang pan ambêk wani | nora ya etung tata ||
5. Radèn Trunajaya nunggal kapti | kalih Galesong Raja Makasar | ing Dêmung pamondhokane | asagup sarêng gêmpur | ing ayuda sarênga mati | êndhog [ê...]
--- [f. 339r] ---
[...ndhog] sapatarangan | jangji sarêng rêmpu | kalawan Ki Madurêtna | malah arsa ingambil mantu pribadi | sira Raja Makasar ||
6. ikang arsa jinujung nrêpati | Madurêtna kang ingakas-angkas[116] | sampun anugil manahe | Trunajaya winuwus | ikang ngadêg ing Surabanggi | jumênêng Madurêtna | pan sampun misuwur | tiyang pasisir bang wetan | samya wiwrin tan ana wani nabili | mring Radèn Madurêtna ||
7. kang tan seba bupati pasisir | parentahe Radèn Madurêtna | kinèn agêmpur kithane | wadya Madura grêgut | ing Garêksik[117] wus dèn anciki | suyud tan wani malang | tanapi Sidayu | apan ta sampun kabahak | wus kancikan tiyang Sidayu awiwrin | seba mring Surabaya ||
8. atanapi nêgari ing Tubin | wus kancikan dening wong Madura | lan wong Makasar rowange | ing Tuban wus anukul | nulya Rêmbang dipun anciki | ing Langsêm alorodan | sadaya sumuyud | ikang băngga pinatenan | wong pasisir sadaya samya awiwrin | ikang nutut katawan ||
9. samya binakta mring Surabanggi | wong Makasar lan wong ing Madura | kadya hèrnawa polahe | wong pasisir sumuyud | samya sowan mring Surabanggi | apan Raja Makasar | wau wus angimbul[118] | maring Radèn Madurêtna | kawarnaa wau pangeran dipati | anom [a...]
--- [f. 339v] ---
[...nom] ikang lumampah ||
10. ing Japara sêmana wus prapti | samya amondhok sajroning kitha | lir grah kapitu syarane | pangran dipati wau | masanggrahan dalêming rèki | Ngabèi Wangsaprana | Pangran Singasantun | masanggrahan kidul pura | pan Pangeran Purubaya pondhoknèki | kiwa têngên Katusan ||
11. dening Pangeran Balitar nênggih | masanggrahan ing Banyularangan | Pangeran Sampang pondhoke | jawining kitha wau | wong pasisir bang kilèn prapti | panggihan ing Japara | Kêndhal Kaliwungu | ing Batang lan Pakalongan | ing Barêbês miwah Pamalang lan Têgil | Trêbaya lan Sêmarang ||
12. ing Dêmak ika sarênge prapti | wong ing Kudus kalawan Juwana | pêpêk Japara ênggène | sampunnya tigang dalu | kawarnaa pangran dipati | pan samya pirêmbagan | lan kang eyang wau | Panêmbahan Purubaya | lawan sagung para sêntana Matawis | lirna para dipatya ||
13. miwah pangeran ing Singasari | Pangran Balitar lan Pangran Sampang | pangran dipati dêlinge | marang kang eyang wau | kadipundi eyang kang warti | têtiyang ing Madura | lan Makasaripun | ngandika Pangran Purbaya | ing wartine wong Sampang anugil baris | kalih tiyang Makasar ||
14. bupati pasisir wetan nênggih | sami sowan dhatêng Surapriga |
--- [f. 340r] ---
mring Trunajaya suyude | Sidajêng sampun nukul | nagri Tandhês tanapi Tubin | Rêmbang lan Pajakungan | sadaya anungkul | măncanêgari bang wetan | samya têluk sadaya sami awiwrin | dhumatêng Trunajaya ||
15. pangran dipati micarèng galih | Si Trunajaya ngêntasi karya | kaya priye wêkasane | lakune awak isun | yèn mundura alêlingsêmi[119] | pasthi manira merang | maring rama prabu | kaya ngapa polah iwang | yèn ta durung ana kahananing jurit | mandah ucaping jana ||
16. ing ayuda arsa sun têmêni | wong Madura ya Si Trunajaya | sapolahe sun kang akèn | èmênge atinisun | wantuni[120] wong apulang jurit | yèn wis acaruk watang | merang lamun mundur | amasthi ana kang pêjah | wong Matara[121] pan arsa isun wangsiti | yaktine isun merang ||
17. awêkasan pangeran dipati | angandika dhumatêng kang eyang | yèn mêkatên pawartine | benjang suwawi laju | binubarna wadya Matawis | sami dharat kewala | dèn rêmpêg ing laku | dening sakathahing palya | winawratan sangune tiyang Matawis | kawrata nèng baita ||
18. sakathahe bupati pasisir | adharata ngiringa maringwang | kalawan sagêgamane | ya ta samya arêmbug | kang sêntana miwah prajurit [pra...]
--- [f. 340v] ---
[...jurit] | pangeran angandika | Si Răngga Sidayu | aja pisah lan manira | mêsakake iku tinilar wong cili | lan adhimas ing Sampang ||
19. anaa ngarsa mênawa eling | wong Madura marang yayi êmas | padha undhangana kabèh | sakèh wadya Matarum | budhalêna iya[122] ing enjing | lan sira Wăngsadipa | iya aja milu | tugua anèng Japara | lan anake kanthia bala Kumpêni | tugura nèng Japara ||
20. ya ta datan kawarna ing latri | sarêng enjang anêmbang têngara | gong bèri umyang syarane | bêndhe asrang angukung | têngarane bubar kang baris | sakèh sangune uga | winawrat ing prau | wus pêpêk bala Mataram | yèn sinawang gêgaman kagiri-giri | alyir prawata sêkar ||
21. tiyang pasisir măncanêgari | ikang badhe cucuking ayuda | wontên ing ngarsa lampahe | dening wadya Matarum | wong bumija lawan panumping | wong sèwu numbakanyar | lan wong agêng wau | marapit kering lan kanan | mring pangeran panêmbahan tan atêbih | kalawan ikang wayah ||
22. ya ta anglarug lampahing baris | ênêngêna kang lagya lumampah | ya ta gênti winiraos | kang lanang juritipun | ikang ngadêg ing Surabagi | Rahadèn Trunajaya | ikang ajêjuluk | Panêmbahan Madurêtna | sampun karan [kara...]
--- [f. 341r] ---
[...n] sineba para bupati | wetan têluk sadaya ||
23. pasisir wetan măncanêgari | samya asowan mring Surapriga | Ki Madurêtna barise | apan sampun akumpul | lawan Raja Galesong nênggih | wong Makasar malatar | sami purun-purun | polahe kawênang-wênang | wadya Sampang pan ing mangke asal galih | akanthi wong Makasar ||
24. sira Radèn Madurêtna nênggih | sêdyanira jumênêng narendra | sarta lawan panjujunge | Raja Galesong iku | kang nagupi bêdhah Matawis | mila Ki Madurêtna | lakung trêsnanipun | dhumatêng Raja Makasar | Trunajaya apan tan kemutan ugi | kinarya lêlampahan ||
25. Trunajaya akarsa pribadi | wantu wong ngêmut lêgining gula | kamanisên karsa dhewe | apan ta datan emut | lamun wontên ikang jani |[123] Prabu Anom Mataram | tan kemutan wau | arosa sampun kawawa | Trunajaya kapindhone asal kanthi | Prabu Anom Makasar ||
26. ya ta sampun amiyarsa warti | Pangran Dipati Anom Mataram | ikang anindaki dhewe | lawan kang kamisêpuh | Panêmbahan Purubayèki | lan Pangeran Balitar | Pangran Singasantun | kêrigan wadya Mataram | atanapi pasisir măncanêgari | ngalumpuk nèng Japara ||
27. pawartane wus bubar kang baris | saking
--- [f. 341v] ---
Japara lan wadyabala | lan pangran dipati anèm | kang anindhihi laku | Trunajaya sampun acawis | miwah wadya Makasar | sumêdya amêthuk | wong Sampang samya siyaga | mêpak baris polahe agêgilani | miwah ta wong Makasar ||
28. apan sumêdya ngantêp ing jurit | mapag yudane ing wong Mataram | lir singa lodra tandange | warnanên kang lumaku | Adipati Anom Matawis | kang dadya senapatya | sêmana wus rawuh | ing Masahar tata-tata | bêbarisan sumêdya angangsêg jurit | ing Gêgodog sinêdya ||
29. wadyèng Madura amapag jurit | lan wong Makasar kadi hèrnawa | apanggih sami purune | sami arêbut dhucung | age-age panggiha jurit | ing Gêgodog wus prapta | andulu-dinulu | wong Sampang lan wong Mataram | pan sadaya tan ana angucap ajrih | surake wêwikingan ||
83. Pangkur
[Prajurit Mataram kawon juritipun. Pangeran Purbaya lampus. Wadya Madura anjajarah wonten ing Demak.[124]]
1. mangsah prajurit Madura | yèn sinawang kadi banthèng akanin | angajrihi tandangipun | apan lir singa lodra | rêbat mêngsah sadaya pan sami purun | mara sarya oclang watang | wong Makasar oclang lêmbing ||
2. prajurite wong Madura | Makuyuda[125] têguh prakosa wani | anadene sisihipun | aran Dhandhangwêcana | wontên dene ikang kiwa sisihipun | kang têngên Ki Wangsaprana | sami prakosa [pra...]
--- [f. 342r] ---
[...kosa] ing jurit ||
3. iku têtindhihing yuda | dyan umangsah kadi banthèng akanin | wadyèng Makasar angêmbul | pan alyir singa lodra | ing ayuda punika têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makinci ||
4. mangsah prajurit Mataram | kang sênjata dadi cucuking jurit | syarane lir gunung rubuh | mimis pan kadi udan | pêtêng dhêdhêt payudan lir pendah dalu | dening kukusing sundawa | awor surake kang jalmi ||
5. nora sangsaya ajriha | wadyèng Sampang miyarsa syaraning mimis |[126] manahe kêdah angamuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir bêbêrngosipun[127] | pêdhang ingikal lir kilat | sarwi ngagêm tamèng Bali ||
6. pan sarwi ya oclang watang | dyan umangsah sarya anaut rawis | wong Madura sami purun | rame têmpuhing yuda | lir andaka wong Sampang pangamukipun | arame campuhing yuda | tan ana angucap ajrih ||
7. wong Makasar gènnya aprang | ngagêm lêmbing ing yuda tan ngobêri | prasamya asaroh amuk | kadya ta singa lodra | baya uwis takdir karsaning Yyang Agung | wadyabala ing Mataram | wiwrin tan darbe kuwanin ||
8. para mantri lan satriya | myang prajurit manahe kadi èstri | kêkês tan adarbe purun | ingamuk mring wong Sampang | wong Mataram manahira [manah...]
--- [f. 342v] ---
[...ira] mawut-mawut | akathah ikang palastra | apan nora angudhili ||
9. rusak wadya ing Mataram | prajurite prasamya angawaki | kang dadya andêling kewuh | Pangeran Purubaya | anyamêthi kuda sumêdya amagut | dèn iring ing wadyanira | sarêng mangsah ing ajurit ||
10. Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | miwah Ki Răngga Sidayu | angamuk ambêk pêjah | para mantri Mataram sarêng angamuk | dene andêling ayuda | Pangran Purbaya ngawaki ||
11. Tumênggung Rajamênggala | Arya Pamot sarêng masah ing jurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng angantêp ing yuda |[128] wong Makasar sadaya sarêng amagut | Raja Galesong priyoga | ikang anindhihi jurit ||
12. dening Radèn Trunajaya | tiyang Sampang wau kang dèn tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura pasthi lanang juritipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||
13. wadyabala ing Mataram | kathah pêjah manahipun atitrim | kang katrajang mawut-mawut | nora măngga puliha | prajurite apan akathah kasambut | Ki Ngabèi Wirajaya | pan sampun anandhang kanin ||
14. sêntanane kathah pêjah | ki ngabèi branane angranuhi | sêmana tiba aluguh | ludira adrês muncar | dyan aniba Wirajaya datan emut | rinêbat sêntananira |
--- [f. 343r] ---
saundure angêmasi ||
15. kang ajurit awuyungan | Panji Wirabumi anandhang kanin | anèng ing rana kasambut | kondur wus binandhusa | Kyai Răngga Sidayu sampun kasambut | ing yuda sampun palastra | wiwrin wadya ing Matawis ||
16. kang dadya lajêring yuda | Pangran Purbaya katilar wadya alit |[129] prajurite kyèh kasambut | dèrèng măngga puliha | Pangran Purbaya amicarèng jroning kalbu |[130] baya ta karsaning Sukma | apês wadya ing Matawis ||
17. salaminisun ayuda | apan iya nora kadi puniki | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong Mataram padha kêkês manahipun | dhingin kang para prawira | mêngko manahe lir èstri ||
18. kaya priye undurana | wong Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra myang sêntana | musuh abot isun mundura ing kewuh | mandahane ingèsêman | angura mati ajurit ||
19. nanging ta isun watara | musuh iki tan kêntas dening kami | dèn kêriga wong Matarum | măngsa angêntasana | saprandene isun iki uwis sêpuh | sêdhêng matia ing karya | isun mamong ing nrêpati ||
20. yèn Mataram bakal risak | panêdhaku aja kongsi mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | Pangran Purbaya wau ikang tinêmpuh | sawadyane anèng rana | tan gumisir anadhahi ||
21. Panêmbahan Purubaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | apês kapanggih
--- [f. 343v] ---
ing sêpuh | mandah kala taruna | wong Madura kang katrajang mawut-mawut | angamuk lawan curiga | dhuwunge aran pun Panji ||
22. wantu kêkathahan mêngsah | panêmbahan kudane sampun mati | nanging taksih mêksa ngamuk | dharat pangamukira | wong ing Sampang wong Makasar angarubut | Panêmbahan kinathahan | winatang lawan linêmbing ||
23. sanadyan otota kawat | akulita têmbaga balunge wêsi |[131] tiyang satugil pan rêmuk | kinarubut ing kathah | panêmbahan sakalakung timbulipun | datan pasah dening braja | kinarubut ing ajurit ||
24. ing jro sarira wus rêmak | Panêmbahan Purbaya tiba aligih |[132] wantu tiyang agung sêpuh | dyan Pangeran Balitar | pan uninga yèn ikang raka kasambut | ing rana sigra rinêbat | wong Sampang ingamuk wani ||
25. Panêmbahan Purubaya | wus rinêbat binêkta mundur tumuli |[133] nanging pangeran tan emut | sarira sampun rêmak | wadya Mataram ing payudan mawut-mawut |[134] dening Pangeran Purbaya | sampun kasambut ing jurit ||
26. lir pendah dhawuhan bêdhah | pêdhot lajêre apan kari angisis |[135] dening lajêre wus rubuh | aram mawut wus kendhang | dyan pangeran adipati kalulun kondur |[136] lan Pangeran Singasêkar | kang wadya tan kêna pulih ||
27. Kajêng Pangeran Dipatya | manahira alit kalakung wiwrin | dene kang eyang kasambut | ya ta amasanggrahan | arêrangkah [a...]
--- [f. 344r] ---
[...rêrangkah] prasamya prayitnèng kewuh | panêmbahan sampun seda | lir gêrah syaraning tangis ||
28. apan sampun binandhusa | ikang layon binêkta kondur Matawis |[137] sagunge wadya Matarum | akêkês manahira | dening andêl pakewuh sampun kasambut | para prajurit satria | manahe kadi pawèstri ||
29. muwah kang para sêntana | para putra manahira awiwrin | sampun karsane Yyang Agung | apês wadya Mataram | sinêngkalan pangeran duk sedanipun | sarira tustha kawayang | ing jalmi taun Dangl[138] nênggih ||
30. alêrêsi[139] sasi Saban | pan ping lima tanggalira anênggih |[140] wadyèng Mataram akusut | tan bêtah nora mangan | kapindhone kênèng gêgêring kalakung | ikang saras sami migat | kang kantun lakung prihatin ||
31. Pangran Dipati Mataram | pan kalulun sampun kondur tumuli | lan Pangeran Singasantun | lan Pangeran Balitar | lampahira sêmana sampun adarung[141] | sumêdya kondur Mataram | sare Jêpara sawêngi ||
32. enjangira nulya mangkat | kawarnaa mêngsah Sampang nututi | ikang dadya tugulipun | aran Dhandhangwêcana | wong Makasar Dhaèng Mrewa tugulipun | ikang kinèn nututana | lampahe Pangran Dipati ||
33. solahe kadi hèrnawa | dhasar baring wong Sampang mênang ajurit |[142] marmane saya anglacut | wong Madura sumahab | saparane anjêjarah mêmarugul | ikang lanang pinatenan | kang èstri dipun jamahi ||
34. apan ta dadi bêbasan | bajag [baja...]
--- [f. 344v] ---
[...g] Sampang tuhu kalamun baring | kang kaparag sami nukul | darbèkipun jinarah | ing Juwana kadalan sampun nungkul |[143] tan wontên purun malanga | wong Juwana samya titrim ||
35. ing Pathi wus kaidêkan | dening Dhadhangwêcana lakung asêkti |[144] tiyang ing Pathi kalulun | akathah ikang pêjah | gènnya mapan tiyang Sampang juritipun | tiyang Pathi asasaran | sami lumayu angili ||
36. ing Kudus sampun kabêdhah | jinarahan tiyang alit awiwrin | kalakung dening kasusu | solahe wong Madura | pan ing Warung Garobogan sami nukul | binayong sarta jinarah | wong wadone dèn jamahi ||
37. amung nêgara ing Dêmak | maksih băngga angawali ing jurit | kang dadya têtugulipun | awasta Martajaya | ing Tampalong punika ikang amagut | apan ta dede dipatya | Ki Martajaya patigi ||
38. têdhaking Gadamastaka | duk ing Dêmak pinara walu nênggih | pan amung kaduman sèwu | miji nèng Kapugêran | Mêrtajaya akathah sadhèrèkipun | dening panganjur Madura | wasta Radèn Wasènggati ||
39. dening pun Dhandhangwacana | têtindhihe anindhihi nèng wuri | wong Madura pan wus wangsul | marang kutha ing Dêmak | ngalun-alun Wasènggati kang jinujug | wong Madura arêrayah | tan wontên jinagèng ati ||
40. warnanên Ki Mêrtajaya | sakadange mêndhêm dènnya abaris | sakidule ngalun-alun | wong Sampang
--- [f. 345r] ---
sarêng mulat | dyan umangsah syaraning bêdhil gumrudug | ya ta wau Mêrtajaya | tan nêdya mundur sanyari ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.336. (kembali) |
2 | loloh (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.336, Pupuh 69.2.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 83.2.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 2.2.3). (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: alinggih ayun-ayunan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 83.81.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 2.19.7); alênggah ayun-ayunan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 33.81.7); pinarak ayun-ayunan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 92.21.7). (kembali) |
4 | Bandingkan: angsale (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 33.83.2). (kembali) |
5 | akêluruk (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 33.83.6). Bandingkan: akaluruk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 83.83.6); kaluruk (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 2.21.6). (kembali) |
6 | anggege (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.338, Pupuh 69.30.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 83.91.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 33.91.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 92.31.5). (kembali) |
7 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.340. (kembali) |
8 | kantuna (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 3.6.2). (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: angandika sang aprabu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 84.9.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 3.9.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 34.9.6). (kembali) |
10 | mênggah-mênggah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 3.15.5). (kembali) |
11 | anggêga (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 34.16.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 3.16.4). (kembali) |
12 | anggugua (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.341, Pupuh 70.16.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 84.16.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 3.16.8; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 34.16.8). (kembali) |
13 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.343. (kembali) |
14 | angluwihi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 85.8.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 35.8.5). (kembali) |
15 | mangkat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.345, Pupuh 71.18.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 85.18.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 35.18.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 93.10.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 4.18.9). (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: tiningalan ing sri bupati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 85.19.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 93.11.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 4.19.5); tiningalan mring sri bupati (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 35.19.5). (kembali) |
17 | mangwula (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 4.23.2). Bandingkan: mangrêpa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 85.32.2). (kembali) |
18 | anggêpe (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.345, Pupuh 71.23.6). Bandingkan: pangrêpane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 85.32.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 35.32.6); têkonipun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 4.23.6). (kembali) |
19 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.346. (kembali) |
20 | nênggih (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.346, Pupuh 72.5.4). (kembali) |
21 | anggadhuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 86.16.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 36.16.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 5.15.2). (kembali) |
22 | kemawon (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.347, Pupuh 72.16.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 86.15.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 5.15.2). Bandingkan: kimawon (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 36.16.2). (kembali) |
23 | sêsêngkêranane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.348, Pupuh 72.28.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 86.28.3). Bandingkan: sasêngkêranane (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 36.28.3); sêsêngkêrane (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 5.26.3); sasêngkêrane (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 94.23.3. (kembali) |
24 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.349. (kembali) |
25 | nglabuhi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 95.6.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 37.28.6). Bandingkan: anglabuhi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 87.29.6); nglakoni (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 6.29.6). (kembali) |
26 | gangsir (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.51, Pupuh 73.35.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 6.35.2). (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang kakung sira ngrêrêpa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 87.42.5); sang kakung sira ngrarêpa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 37.41.5); kalangkung dènnya ngrarêpa (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 6.42.5). (kembali) |
28 | nyagahi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.352, Pupuh 73.45.4). Bandingkan: anyagahi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 6.45.4); anangguhi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 87.45.4); anaguhi (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 37.44.4). (kembali) |
29 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.353. (kembali) |
30 | katrêsnan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.8.9). (kembali) |
31 | Bandingkan: rudahing (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.9.4); rundahing (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.7.4). (kembali) |
32 | lan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.354, Pupuh 74.10.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.10.1). (kembali) |
33 | Andangkara (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.15.9). (kembali) |
34 | akintun (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.354, Pupuh 74.16.8). Bandingkan: kintun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.16.8). (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: apan mawi bêkta sêrat (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.17.3); saha amundhi nawala (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.15.3). (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sampun kadya punika (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.19.7); sampuning sapunika (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.17.6). (kembali) |
37 | mênggah-mênggah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.355, Pupuh 74.21.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.20.2). (kembali) |
38 | andugi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.20.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.18.5). (kembali) |
39 | datan (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.355, Pupuh 74.22.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.21.1). (kembali) |
40 | padudon (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.24.2). (kembali) |
41 | nglampahi. (kembali) |
42 | mangsiti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.355, Pupuh 74.28.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.25.8). Bandingkan: amangsiti (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.27.8). (kembali) |
43 | panggubêlira (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.29.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.27.9). (kembali) |
44 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nanging tiyang Madura kathah kang wêlas (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.32.9); anging tiyang Madura kathah kang wêlas (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 96.30.9). (kembali) |
45 | sorogi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.356, Pupuh 74.34.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.33.4). (kembali) |
46 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.357. (kembali) |
47 | sangkanipun (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.38.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.38.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.3.4). (kembali) |
48 | Lebih dua kata suku: kajêng sunan nêgih Matawis. Bandingkan: sang aprabu natèng Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.53.5); kawarnaa rajèng Mêtawis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 97.19.5); sira kangjêng rajèng Matawis (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.19.5); Sri Narendra Natèng Matawis (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.53.5). (kembali) |
49 | Prabalingga (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.359, Pupuh 75.21.10; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.22.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 97.22.10). (kembali) |
50 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang asowan luwaran ing păncaniti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.360, Pupuh 75.30.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.31.9; ingkang sowan luwaran para bupati Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 97.31.9). (kembali) |
51 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.361. (kembali) |
52 | sami (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.361, Pupuh 76.2.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.2.2). (kembali) |
53 | Kurang satu suku kata: ikang rama angampah tansah angimur. Bandingkan: ikang raka angampah tansah angimur (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.361, Pupuh 76.8.5); nanging rama tan suka tansah angimur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.9.5); ingkang rama tan suka tansah angimur (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 98.8.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 9.7.5); ingkang rama datan suka tansah ngimur (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 39.9.5). (kembali) |
54 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ănggajaya dadi pangawat kering (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.16.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 9.14.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 39.16.2); Ănggajaya dadi pangawat keri (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 98.15.2). (kembali) |
55 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Warung lan Garobogan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.16.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 39.16.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 98.15.6). (kembali) |
56 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: warti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.22.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 98.20.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 9.20.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 39.22.2). (kembali) |
57 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.364. (kembali) |
58 | amangun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.364, Pupuh 77.2.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.2.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.2.7). (kembali) |
59 | Makasar (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.365, Pupuh 77.12.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.12.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.12.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.11.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.11.1). (kembali) |
60 | agăndra (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.18.6). Bandingkan: anggădra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.16.6). (kembali) |
61 | angguyang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.23.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.21.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.21.4). (kembali) |
62 | Terdapat dobel sandangan: kuwur atau kuwor. (kembali) |
63 | Bandingkan: dimèn kuwur wong cili (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.27.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.25.7); dimèn kuwur wong cilik (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.25.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.26.7). (kembali) |
64 | Makasar (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.366, Pupuh 77.29.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.29.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.27.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.26.1). Bandingkan Mêkasar (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.28.1). (kembali) |
65 | Lebih satu suku kata: nrajang pamondhokan. Bandingkan: nrajang pasanggrahan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.31.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.28.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.29.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.30.3). (kembali) |
66 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lumayu wêwuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.36.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.35.3); kèh lumayu wona (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.31.3); kang lumayu yuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.34.3). (kembali) |
67 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus byar rahina (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.37.6); wus byar raina (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.35.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.36.6); bangun rahina (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 99.32.6). (kembali) |
68 | ngungsêd (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.41.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.40.1). (kembali) |
69 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.368. (kembali) |
70 | ngrêrubêdi (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 91.4.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 41.4.1). (kembali) |
71 | jinggring (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 91.13.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 41.13.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 144.16.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 11.13.1). (kembali) |
72 | Barêbês (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 91.17.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 41.17.1). (kembali) |
73 | atembak. (kembali) |
74 | atungguk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 91.19.6). (kembali) |
75 | musuh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.370, Pupuh 78.25.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 100.23.1). Bandingkan: mungsuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 91.25.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 41.25.1; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 144.28.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 11.25.1) (kembali) |
76 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.371. (kembali) |
77 | rêgêp. (kembali) |
78 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan kinulawisudha sadayanipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.10.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.10.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.10.5); pan kinulawisuda sadayanipun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.9.5); pan kinulawisudha sêdayanipun (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 145.15.5). (kembali) |
79 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan ing kono benjang goningsun anaur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.11.5); pan nèng kene sayogya gèning sumaur (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.10.5); pan ing kono iya gon ingsun anaur (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.11.5); pan ing kono benjang gon ingsun nênaur (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.11.5). (kembali) |
80 | anunggoni (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.372, Pupuh 79.15.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.15.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.15.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.15.7). (kembali) |
81 | kèngsêr (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.372, Pupuh 79.17.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.17.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.16.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 145.23.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.17.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.17.5). (kembali) |
82 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Prawirataruna nagri Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.20.2); ywa Prawiratruna nagri Matawis (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.20.2); ya Prawirataruna ing Matawis (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.20.2); Prawiradhitaruna ing Mêtawis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.19.2). (kembali) |
83 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kalamun ta awak ingsun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.23.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.23.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.23.3); kêlamun ta awak ingsun (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 145.29.3). (kembali) |
84 | Terdapat dobel sandangan: sapungkuring atau sapungkure. (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan asarêng angambara ing langit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.30.2); apan sarêng angambara mring langit (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.30.2); apan sarêng angêmbara ing langit (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.30.2). (kembali) |
86 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lamun tiyang ing Matawis sampun rawuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.32.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.32.5); lamun tiyang Matawis pan sampun rawuh (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.32.5); lamun wadya Mêntaram kang arsa rawuh (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.29.5). (kembali) |
87 | kêrigan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.32.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.32.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.13.7). (kembali) |
88 | atigan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.374, Pupuh 79.33.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.30.6). Bandingkan: antigan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.33.6). (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: marmitane sun nganggo baitalit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.36.2); marmitane nganggo baita alit (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.33.2); ya marmane sun nganggo kang acilik (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.36.2); ya marmane sun ngangge baita lit (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.36.2). (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: măncanagara ana buri têbih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.37.2); wonging măncanagara nèng awuri (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.37.2); wong ing măncanagara buri têbih (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.37.2); mănca praja ana awuri têbih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.34.2). (kembali) |
91 | anitihi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.374, Pupuh 79.40.1). (kembali) |
92 | Bandingkan: anitih ingkang turăngga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.40.1); tinitihan kang turăngga (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.39.1); sigra anitih turăngga (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.37.1); anulya nitih turăngga (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.40.1). (kembali) |
93 | baitanipun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.374, Pupuh 79.41.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 92.41.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 12.40.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 42.41.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 101.38.3). (kembali) |
94 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.376. (kembali) |
95 | soroh (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.3.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.3.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 146.27.4). (kembali) |
96 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Suramênggala kalawan Surawăngsa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.8.1); Surawăngsa kalawan Suramênggala (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.8.1); Kyai Suramênggala lan Surawăngsa (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.7.1); pan Ki Suramênggala lan Surawăngsa (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 146.30.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.6.1). (kembali) |
97 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Prawirataruna pan tumingal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.11.1); Dyan Prawirataruna awas tumingal (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.9.1); sira Radyan Prawiratruna tumingal (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.11.1); Radèn Prawiratruna nulya amirsa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.9.1). (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Prawiratrunan tan ana mundura (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.18.1); wong Prawiratarunan arsa mundura (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.17.1). (kembali) |
99 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: alah payo kabèh santana manira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.21.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.20.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.15.1); lah sakèhe iya santona manira (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.18.1). (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lamun kawula gusti sampun palastra (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.22.1); yèn kawula gusti sampun apalastra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.21.1); inggih kula gusti yèn sampun pralaya (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.16.1); yèn kawula gusti sampun gilang-gilang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.19.1). (kembali) |
101 | pancas-pinancas (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.377, Pupuh 80.23.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.23.6). (kembali) |
102 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Prawiratruna têtêg ing yuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.27.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.25.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.19.1); Dyan Prawirataruna panggih ing yuda (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.22.1). (kembali) |
103 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Prawiratruna panggih ing rana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.38.1); Dyan Prawirataruna panggah ing yuda (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.31.1). (kembali) |
104 | kadhusang. Bandingkan: kudhangsang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.38.5); kadhungsak (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.31.5). (kembali) |
105 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Prawiratruna sampun angrasa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.43.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.32.1); Dyan Prawirataruna sampun apasrah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.40.1); sira Radèn Prawiratruna wus pasrah (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.35.1). (kembali) |
106 | mangsul (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.379, Pupuh 80.43.2). Bandingkan: mangsuli (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.44.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.41.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.33.2). (kembali) |
107 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sun nêmahi pêjah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.49.3); sun têmah palastra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.46.3). (kembali) |
108 | têngahing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.379, Pupuh 80.48.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.49.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.46.4). (kembali) |
109 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: arsa tinigas mastakane rahadyan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.50.1); mapan arsa tinigas ing murdanira (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 102.42.1); apan arsa tinigas mustakanira (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 13.47.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.38.1). (kembali) |
110 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.381. (kembali) |
111 | Kurang satu suku kata: pêpêk sadaya anangkil. Bandingkan: Pangeran Pugêr anangkil (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 14.14.8). (kembali) |
112 | anglilani. Bandingkan: nglilani (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 14.24.4). (kembali) |
113 | aciri (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 14.30.9). (kembali) |
114 | pamingking (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.384, Pupuh 81.38.8). Bandingkan: pawingking (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 14.37.8). (kembali) |
115 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.385. (kembali) |
116 | ingangkas-angkas (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.385, Pupuh 82.6.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 94.45.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 15.6.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 44.37.2). (kembali) |
117 | Garêsik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.385, Pupuh 82.7.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 94.46.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 15.7.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 44.38.5). (kembali) |
118 | angêmbul. Bandingkan: kêmbul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 94.48.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 44.40.7). (kembali) |
119 | anglêlingsêmi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.386, Pupuh 82.15.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 94.54.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 15.15.5). (kembali) |
120 | wantuning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.386, Pupuh 82.16.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 44.47.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 15.16.5). (kembali) |
121 | Mataram (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.386, Pupuh 82.16.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 44.47.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 94.55.9). (kembali) |
122 | Terdapat dobel sandangan: iya atau eya. (kembali) |
123 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lamun wontên ingkang ngajani (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.387, Pupuh 82.25.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 94.64.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 44.56.5); lamun wontên ingkang akardi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 15.25.5). (kembali) |
124 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.389. (kembali) |
125 | Mangkuyuda (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.389, Pupuh 83.2.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.2.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 151.15.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.2.2). (kembali) |
126 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wadya Sampang mirsa swaraning bêdhil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.5.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.5.2); wadya Sampang myarsa swaraning bêdhil (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 151.18.2); wong ing Sampang myarsa swaraning bêdhil (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.5.2). (kembali) |
127 | Bandingkan: babrêngosipun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.5.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.5.5); barêngosipun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.5.5). (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sarêng ngantêp ing yuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.11.4); sarêng ngantêpi yuda (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 151.24.4); sarêng ngantêp ing yuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.11.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.11.4). (kembali) |
129 | Lebih satu suku kata: Bandingkan: Pangran Purbaya tinilar wadya lit (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.16.2; jêng pangeran tinilar wadya alit (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 151.29.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.16.2). (kembali) |
130 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Pangran Purbaya angling sajroning kalbu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.16.5); Jêng Pangeran Purbaya ngling jroning kalbu (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.16.5); Jêng Pangeran Purbaya ling jroning kalbu (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.16.5); Jêng Pangeran Purbaya ngandikèng kalbu (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 151.29.5). (kembali) |
131 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: akulita têmbaga balung wêsi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.23.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.23.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.22.2). (kembali) |
132 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan Pangeran Purbaya tiba linggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.24.2); Jêng Pangeran Purbaya tiba linggih (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.24.2); ywa Pangeran Purbaya tiba linggih (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.23.2). (kembali) |
133 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus karêbat binêkta mundur aglis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.25.2); wus karêbat binakta mundur aglis (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.24.2). (kembali) |
134 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Mataram anèng payudan pan mawut (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.25.5); wong Mataram anèng payudan wus rêmuk (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.24.5). (kembali) |
135 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pêdhot lajêripun kari angisis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.26.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.25.2); pêdhot lajêrira kang kari ngisis (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.26.2). (kembali) |
136 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dyan pangeran dipati kalulun kondur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.26.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.25.5). (kembali) |
137 | Lebih satu suku kata: kang layon binêkta kondur Matawis. Bandingkan: budhal mantuk dhumatêng ing Matawis (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.28.2); kawarnaa wau ta ingkang kari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.29.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.28.2). (kembali) |
138 | Dal (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.391, Pupuh 83.29.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.29.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.29.7). (kembali) |
139 | anglêrêsi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.31.1). (kembali) |
140 | Tanggal: lima (5) Saban (Ruwah) Dal: sarira tustha kawayang ing jalmi (AJ 1698). Watak bilangan kata "kawayang" dalam sangkala ini tampaknya tidak tepat, mungkin salah salin dari kata "warayang". Bandingkan: sarira trus ing warayang jalma (AJ 1598) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 16.29.6–7). Tahun AJ 1598 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Maret 1675 sampai dengan 15 Maret 1676. Tahun AJ 1598 jatuh pada tahun Je, dan bukan Dal. (kembali) |
141 | andarung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.391, Pupuh 83.31.5). Bandingkan: alaju (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.31.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.32.5). (kembali) |
142 | Lebih satu suku kata: dhasar baring wong Sampang mênang jurit. Bandingkan: dhasar baring mangke mêlêng ajurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.34.2); dhasar baring mangke mênang ajurit (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.33.2). (kembali) |
143 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Juwana sampun kèdêgan anungkul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.35.5); ing Juwana sampun kèdêkan anungkul (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.34.5). (kembali) |
144 | Lebih satu suku kata: dening Dhandhangwêcana langkung sêkti. Bandingkan: dening Mangkuyuda prawirèng jurit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 95.36.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 45.35.2). (kembali) |