Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 084–095)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 345r lanjutan] ---
84. Durma
[Trunajaya anggecak Japara. Tiyang Japara kabiyantu kumpeni.[1]]
1. ya ta surak wong Dêmak kadya ampuhan | Mêrtajaya mangukih | lan sakadangira | lakung gènnya sudira | wong Mandura anadhahi | kuwêl kang yuda | tan ana ngucap ajrih ||
2. sampun rusak tatane wadya Madura | prajurit akèh mati | ya ta Mêrtajaya | wuru pangamukira | wong Madura akèh mati | lakung rudita | Rahadèn Wasènggati ||
3. muntir bêbêrngos nrajang sarwi sumbar-sumbar |[2] rêbutên Wasènggati | prajurit Madura | sigra Ki Mêrtajaya | kadange dipun sapihi | padha mundura | sun ijènane iki ||
4. ya ta mara Mêrtajaya ngêmbat watang | sigra tinumbak aglis | Wasènggati kontal | tiba aburakangan | atangi amalês aglis | Ki Mêrtajaya | tinumbak wêntisnèki ||
5. ya ta ginjal Mêrtajaya datan pasah | rame bênthik-binênthik | anumbak-tinumbak | nanging tan wontên pasah | apan Radèn Wasènggati | bajang tagungan | alit andhap angrêngkik ||
6. nanging atos kanthète yèn tiningalan | Ki Mêrtajaya igil | agêng tur prakosa | drêgang-drêgang dêdêgnya | mila tansah kontit-kontit | Ki Wasènggatya | nanging mêksa angukih ||
7. ramening prang braja tan ana tumama | kalihnya narik kêris | iya tan tumama | dadya candhak-cinandhak | arame banting-binanting | pan tigang dina | kacatur gènnya jurit ||
--- [f. 345v] ---
8. Wasènggati yèn binanting kêkadhalan | tangi angrangkul wêntis | sira Mêrtajaya | cinakot ginjal-ginjal | Ki Wasènggati binithi | sarwi cinêngkah | pan têksih kanthil-kanthil ||
9. kawarnaa wau Ki Dhadhangwacana | pan arsa anulungi | saha balanira | sigra wadya ing Dêmak | surake awanti-wanti | wus tinadhahan | ramya gènnya ajurit ||
10. pêdhtêng[3] dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | lakung ramening yuda | wong Madura wus kalindhih | kêkathahên lawan |[4] akyèh ikang ngêmasi ||
11. sampun kèsêr yudane wong ing Madura | ya ta mangetan malih | nêgari Japara | wau ikang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wau bêbanton malih ||
12. Trunajaya utusan mring wong Madura | bantoni kang kalindhih | wong măncanêgara | ing bang wetan sadaya | wau ikang ambantoni | wadya ing Sampang | ikang dadya têtindhih ||
13. ing Japara ing wau sampun kakêpang | tiyang alit atitrim | pan angusi kitha | wanèh ngusi ing wana | ya ta dhinêsêk tumuli | kutha Japara | arsa ginêcak wani ||
14. Wangsadipa amuwêr sajroning kitha | akanthi lan Kumpêni | kang tugu Japara | watara rong bragada | arêrêmpon sêdyanèki | Ki Wangsadipa | sampun angati-ati ||
15. para putra tansah pinêpêk nèng ngarsa [ngar...]
--- [f. 346r] ---
[...sa] | Kiyai Jagapati | Ki Wangsamênggala | lawan Ki Wangsaprana | kalawan Ki Wiragati | Ki Imarêksa | lawan Ki Wiramantri ||
16. tan atêbih wau kang kula sêntana | sumêdya ambêk pati | rêrêmpon kewala | anèng sajroning kitha | nanging datan amêdali | tiyang Japara | mawut têtiyang alit ||
17. amung kari wose nèng sajroning kutha | akanthi lan Kumpêni | wus rakit sadaya | nèng alun-alun aglar | tambure tinêmbang muni | pun mayor sigra | pun Ajro kang sawiji ||
18. Kapitan Bèlêm iya kalawan lutnan | papat pagêdhenèki | saradadunira | apan sampun malatar | sênjatane wus arakit | masang gandera | wus arakit ing jurit ||
19. anèng alun-alun Kumpêni amapan | tangkêpira yèn jurit | apan lêlumbungan | tambur munya brang-brangan | mayor ikang anindhihi | sampun prayitna | sakathahing Kumpêni ||
20. kawarnaa wong Sampang angasêg[5] kitha | lawan mancanêgari | pasisir sadaya | samya ngêpung Japara | sadaya sami ambalik | măncanêgara | miwah tiyang pasisir ||
21. wus kacatur kitha Japara kakêpang | sinurak wanti-wanti | lir rubuh kang wiyat | dening suraking bala | Kya Wangsadipa miyosi | saking dalêmnya | sampun angati-ati ||
22. wong Madura sampun malêbêt ing kitha | tandange gêgilani | kanthi wong Makasar | solahe lir hèrnawa | alyir banthèng tawan [ta...]
--- [f. 346v] ---
[...wan] kanin | lir singa lodra | rêbat mangsa ngajrihi ||
23. wus malêbêt ing kitha sagêgamannya | Kumpêni anadhahi | mariyêm kang munya | kalawan kalataka | nanging datan angudhili | wadya ing Sampang | alun-alun wus prapti ||
24. wong Wêlănda tangkêpipun lêlumbungan | sarta tambure muni | sanjata sunapan | sarêng muni sadaya | kadya rêbaha kang langit | mimis lir udan | sarta syaraning jalmi ||
25. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | sanjataning Kumpêni | tan ana kèndêlnya | Ngabèi Wăngsadipa | apan ta sampun mêtoni | lan para putra | arsa umangsah jurit ||
26. datan têbah para mantri ing Japara | samya prayitnèng jurit | prajurit Madura | ngalun-alun atembak | dèn êdrèl akathah mati | têksih sudira | wong Sampang mêksa ngukih ||
27. wong Kumpêni datan kêna sinawawa | bêdhile tan ngobêri | mimis kadi udan | ngalun-alun Japara | tangkêpe bala Kumpêni | alêlumbungan | datan kêna ingukih ||
28. jawi ngalun-alun pan kadi ampuhan | wong Sampang kathah mati | pan mêngsah sumahab | wong pasisir asurak | wadya lit Japara titrim | jawine kitha | ngalun-alun ajurit ||
29. wadya Sampang nèng alun-alun kèh pêjah | samya kêna ing mimis | kang ngamuk tinumbak | nanging maksih sudira | ikang kêre wêsi mati | agêgênderan | kêre [kêr...]
--- [f. 347r] ---
[...e] kuningan sisir ||
30. kang sawanèh wong Sampang klambi walulang | ya ta sampun kalindhih | yudane wong Sampang | wus mêdal jawi kitha | bature kang sami mati | wong kawan dasa | apan sami gulinting ||
31. wong Madura mundur maring pamondhokan | nèng Jagatamu sigih | wadyane malatar | pêpêk măncanêgara | tanapi tiyang pasisir | samya rêrangkah | aprayitna ing wèsthi ||
32. kawarnaa Wăngsadipa pagunêman | kalawan para mantri | tuwin para putra | ngandika Wăngsadipa | lah paran rêmbuge sami | musuh kang prapta | padha ngêpung nêgari ||
33. ing Jagadhayoh ênggone abêbarisan |[6] kapriye gone amrih | mundura kang mêngsah | nora wande yèn rusak | Japara kalamun lami | wadya Madura | nèng Japara ngêbêki ||
34. ya ta matur Ki Ngabèi Wăngsaprana | punika yèn suwawi | sênjata punika | kang wontên Danaraja | ikang agêng dèn pilihi | ingarah-arah | tibanipun puniki ||
35. Jagatamu gih punika kawuwunga | ingulukan ing mimis | pinriha bubara | mimis agêng kinarya | samya binalangan mimis | wadya Madura | igih saking ing ardi ||
36. sampun rêmbag Ki Ngabèi Wăngsadipa | migah dhatêng ing ardi | Wukir Danaraja | pan sakèhing sanjata | kang agêng ana ing wukir | mantri Mataram | Saragêni nugoni ||
37. Kyai Gulu kalawan Ki Singalodra | kalawan Ki Gunturgêni |[7] sapraptaning arga | ya ta Ki Wăngsadipa | sênjata dipun pilihi | ingarah-arah | tibane ikang mimis ||
38. ing Jagatamu mêngsah Sampang malatar [mala...]
--- [f. 347v] ---
[...tar] | ya ta pun Kumbarawi | wau kang priyoga | nênggih anibanana | ing Jagatamu ngukuli | ya ta pinasang | wau Ki Kumbarawi ||
39. Jagatamu ya ta kang ingarah-arah | pan sampun dèn isèni | ingantêp isinya | mimise wus pinasang | ya ta sinulêd tumuli | ungêl sênjata | lir obah kang pratiwi ||
40. mimis mêsat nibani ing pasanggrahan | Jagatamu bênêri | gègère puyêngan | kayu katrajang sêmpal | wau katibanan mimis | saking ing arga | lakung agênge mimis ||
41. kang kaprapal wong Sampang akathah pêjah | wong pasisir awiwrin | lan măncanêgara | dening ta kaukulan | kawuwung saking ing ardi | ing pamondhokan | ingulukan ing mimis ||
42. tan antara mimis malih anarajang | wau saking ing wukir | kathah ikang wraksa | samya katrajang sêmpal | ya ta wau anibani | têngah pondhokan | gègèr yayah sinipi ||
43. ing Jagatamu gègèripun apuyêngan |[8] dene katiban mimis | kathah wong kang pêjah | lumayu salang tunjang | bubar sakathahing baris | samya sasaran | kalulun tan wruh warti ||
44. salang tunjang palayune wong Mandura | ing Jagatamu gusis | têtiyang Mandura | lawan tiyang Makasar | ing Kudus kang dipun usi | banjur angetan | kuwur kang wadya alit ||
45. kawarnaa Ki Ngabèi Wangsadipa | apagunêman sami | lawan para putra | arsa atur uninga | dhatêng
--- [f. 348r] ---
prabu ing Matawis | yèn ing Japara | wau dipun ugahi ||
46. wong Madura kawan dasa ikang pêjah | kupinge dèn irisi | akarsa binêkta | katura ing sang nata | saksana lumampah aglis | pan putranira | ingutus mring Matawis ||
47. tan kawarna polahira kang utusan | apan datan alami | wontên duta Sampang | migah dhatêng Mataram | prajurit alêlanangi[9] | Ki Mangkuyuda | wau ikang kêkasih ||
48. mêdal Jipang apan anjog Jagaraga | tiyang măncanêgari | bang wetan sumahab | polahe wong Madura | Ki Makuyuda ingiring | sawadyanira | solahe gêgilani ||
49. nagri Pajang maksih băngga linawanan | kang nglawani ajurit | nanging tan kawawa | nagri Pajang wus rusak | têtiyang alit awiwrin | marang wong Sampang | lir bathèng[10] tawan kanin ||
50. Makuyuda kang dadya têtindhih ngrana | solahe lêlanangi | nêgari ing Pajang | pan sampun kaèdêkan | tiyang jro kitha atitrim | têtiyang Sampang | tansah ajêjarahi ||
51. Mangkuyuda anjog ing desa Kajoran | sabalanira prapti | Panêmbahan Rama | sampun kumpul sêmana | nulya ngadêgakên baris | anèng Kajoran | wong Madura kinanthi ||
52. pêpadesan rinayah
--- [f. 348v] ---
kathah kabahak | kang tumut ing Matawis | wong desa puyêngan | samya abilulungan | ikang amiyarsa titrim | dening wong Sampang | ngigahi mring Matawis ||
53. tiyang Pajang sampun anungkul sadaya | miwah măncanêgari | Warung Garobogan | Balora lan ing Japan | ing Jipang lan Jagaragi | ing Kamagêtan | Madiyun Panaragi ||
54. ing Kaduwang sampun anungkul sêmana | sagung măncanêgari | bang wetan sadaya | miwah pasisir wetan | sêmana sampun abalik | marang Mataram | kawarnaa ing mangkin ||
55. sampun katur mring Jêng Susunan Mataram | yèn wong Sampang dhatêngi | wasta Mangkuyuda | sampun ngancik Kajoran | ing Pajang sampun abalik | sampun kèdêkan | risa[11] kawula alit ||
56. Panêmbahan Rama ngêmbal[12] mring wong Sampang | ing mangke sampun balik | ngadêgkên gêgaman | nênggih watên Kajoran | apan tansah bêbahaki | dhatêng padesan | ingkang tumut Matawis ||
57. sri narendra sakalakung dukanira | sigra miyos tinangkil | pêpêk para putra | miwah para sêntana | Pangran Dipati Matawis | mugèng ing ngarsa | lan Pangran Singasari ||
58. atanapi pangeran ing Mêrtasana | Pangran Pugêr anangkil | Pangeran [Pangera...]
--- [f. 349r] ---
[...n] Balitar | Pangeran Prigalaya | lawan Radèn Singasari | lan Wiratmêja | Wiramênggala nangkil ||
59. angandika sri narendra ing Mataram | mring Pangeran Dipati | sira tumindaka | iya marang Kajoran | lah dadia wakil mami | sira kêriga | sakèhing wong Matawis ||
60. yèn wis kalah ing Kajoran bayongana | gawanên mring Matawis | sakèh putraniwang | milua kakangira | angantêpa ing ajurit | marang Kajoran | wong Sampang kang ngugahi ||
61. putranisun Ki Pugêr sira milua | lawan Ki Singasari | adhi Prigalaya | kalawan Ki Balitar | lan Si Tumênggung Matawis | Mangunnêgara | milua putra mami ||
62. alah payo sira nêmbanga têngara | makata padha mangkin | kang kinèn manêmbah | têngara wus tinêmbah[13] |[14] orêg wadya ing Matawis | mêpêk gêgaman | lir udan sinêmèni ||
63. ting balêbar[15] wau tiyang ing Mataram | syami[16] amêpêk baris | ngalun-alun aglar | ing pasar kaèbêkan | gêgaman awarni-warni | tanpa wilangan | kadya prawata sari ||
64. ambêranang gandera gula kalapa | angirid Saragêni | alyir pendah kilat | gêbyar sanjata lanang | gêgaman dalêm marapit | wakil sang nata | Pangeran Adipati ||
65. kang lêlayu umyang katub samirana | lir ombaking jaladri [ja...]
--- [f. 349v] ---
[...ladri] | lan karciking watang | asrang syaraning bala | kadya udan sinêmèni | pangriking kuda | umyang gamêlan muni ||
66. Pangran Dipati lagya apamit ing rama |[17] lan Pangran Singasari | Pangran Pugêr seba | lan Pangran Mêrtasana | ing rama samya winêling | dipun prayitna | sun pasrah ing Yyang Widi ||
67. para putra samya tur bêkti sadaya | dyan lèngsèr sang nrêpati | lumêbêt ing pura | ing jawi awurahan | pugawa lan para mantri | mêpêk gêgaman | otêr wong sanêgari ||
68. sampun kondur Pangran Dipati Mataram | lan Pangran Singasari | Pangran Mêrtasana | Pangeran Pugêr ika | sampun kondur gènnya nangkil | samya adadan | sakapraboning jurit ||
69. wus asaos wahana turăngga aglar | kadya prawata sari | baris para putra | gêgaman warna-warna | wus pêpêk kang punang baris | dyan kawarnaa | Pangeran Adipati ||
70. sampun siyaga sadadananing ayuda |[18] wus agêm wus mijil |[19] miwah kang sênjata | dhahar sampun tinampan | mring wadya andêling jurit | para lêlurah | samya saos ing jawi ||
71. Pangran Dipati lagya angrasuk busana |[20] sakapraboning jurit | dhuwung anuriga | rasukan lampis[21] tiga | kadi Yyang Asmara rêsmi | sampun siyaga | Pangran Dipati mijil ||
72. ginarêbêg dening kang para lêlurah | miwah andêling jurit | lir gêrah kang sapta |
--- [f. 350r] ---
wau syaraning bala | kêrigan wadya Matawis | lir wrêdu ăngga | dhatêng barising wuri ||
85. Pangkur
[Panembahan Rama (Kajoran) lolos, raja brana Kajoran kaboyong dhateng Mataram. Panembahan Rama, pangeran Maduretna, saha wadya Madura kabiyantu tiyang Makasar badhé ngraman dhateng Mataram.[22]]
1. budhal barising Mataram | yèn sinawang kadya prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katiyup samirana | asrang umyang syarane bala anguwuh | ing rowang samya sauran | sarta karcik watang gathik ||
2. Pangran Dipati Mataram | nitih kuda rêspati sasong kuning | waos sulam mugèng pukur | mamas kang mugèng ngarsa | payung agung amarapit mugèng ngayun | kang anèng ing wuri pisan | wong satus anumbak putih ||
3. ginarêbêg ing lêlurah | atanapi andêl-andêling jurit | kang para arine pukur | samya anitih kuda | ginarêbêg kuda syarane gamrudug | asri lamun tiningalan | prasamya asasong kuning ||
4. gêgaman awarna-warna | amarapit kanan kalawan kering | ikang lumampah ing ngayun | bupati ing Mataram | para mantri arya lan para tumênggung | pangeran ing Prigalaya | kang dadya cucuking jurit ||
5. lawan Pangeran Balitar | atanapi Pangran Riya Matawis | sawadya sajuru-juru | tumênggung ing Mataram | Mangunnêgara ikang lumakyèng ing ayun |[23] lawan Radèn Wiratmêja | Wiramênggala prajurit ||
6. marga agêng kaèbêkan | ambalabar wadyabala Matawis | prasamya prayêtna kewuh | kêrig wadya Mataram | sampun mêdal saking Taji lampahipun | ing Kajoran [Kajo...]
--- [f. 350v] ---
[...ran] kang sinêdya | sigêgên ikang rumiyin ||
7. ya ta ikang kawarnaa | Pangran Kajoran sampun ngadêg kang baris |[24] sêmana sampun akumpul | lan barising Madura | bala Sampang sêmana têtindhihipun | Ki Tumênggung Mangkuyuda | ikang kinèn amondhongi ||
8. akanthi Dhadhangwêcana | ikang kinèn ambahak têpis wiring | ing Pajang pan sampun nukul | maring Dhadhangwêcana | lan aduga-duga nagri Matarum |[25] yèn antuk kang punang sabda | mring panêmbahan sinêkti ||
9. sêmana apagunêman | panêmbahan lan Makuyuda prajurit |[26] ing mêngko pan durung usum | dèn antia sawarsa | pitungkasên Si Dhangdhangwacana iku | yèn wong Mataram nêrajang | aja pati dèn ladèni ||
10. Pangran Dipati Mataram | sampun prapta samya prayitnèng jurit | ing Kajoran wus kakêpung | surak kadya ampuhan | Panêmbahan Rama wus prayitna kewuh | apan sampun asiyaga | sadangdananing ajurit ||
11. miwah ikang para sabat | samya dadan sêdya mati sarêng gusti |[27] tiyang Madura kumrubut | sira Dhadhangwêcana | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||
12. ya ta kawula Kajoran | wus angumpul sêdya mêtoni jurit | tiyang Madura agergut | muwah wadya Mataram | samya purun kadêr pira musuhipun | prajurit Mataram kathah | ya ta campuh ikang jurit ||
--- [f. 351r] ---
13. arame ikang ayuda | wong Madura kalawan wong Matawis | syarane lir gunung guntur | sêsambating kabranan | ngundurakên ikang wiking taksih purun | wantu têtiyang Madura | nanging yudane kalindhih ||
14. prajurit akathah pêjah | wong Kajoran sigra wau nulungi | saha gêgaman anggêrgut | nanging karoban mêngsah | wong Kajoran akathah ikang kasambut | wantu kêkathahên lawan | prasasat katiban wukir ||
15. mundur têtiyang Mandura | wong Kajoran mundur akathah kanin | ya ta kasaput ing dalu | samya mring pamondhokan | arêrangkah samya prayitna ing kewuh | wau têtiyang Madura | manahe tan kêna pulih ||
16. tanapi tiyang Kajoran | manahira sadaya samya miris | dening ta karoban musuh | prasamya pirêmbagan | Panêmbahan Rama lan sêntananipun | prayoga yèn angêmbula | mangetan dadi sawiji ||
17. Makuyuda aturira | pan kawula tan pinungkas ajurit | kinèn mondhongi pukulun | pitukas[28] putra tuwan | Dhangdhangwêcana kinèn nyadak Matarum | yèn gampil kinèn lajênga | yèn angèl kinon abali ||
18. Pangran Kajoran ngandika | Makungyuda[29] tanggêl pangrasa mami | kapindhone durung usum | dèn antia sawarsa | payo bubar akumpula ing gustimu | aja cêro[30] lah dèn egal | payo mangkat mumpung [mu...]
--- [f. 351v] ---
[...mpung] wêngi ||
19. saksana anulya bubar | wong Madura ikang lumakyèng wuri | sasolahira kasusu | akathah kang tinilar | Panêmbahan Rama lampahe andarung | sumêdya angêmbul lampah | lan kang anèng Surabanggi ||
20. wong Mataram sampun wikan | yèn Panêmbahan Rama lolos ing wêngi |[31] wus raina dya tinumpu | Kajoran jinarahan | pan binayong tiyang Kajoran kang kantun | dalêmira ingobongan | dening têtiyang Matawis ||
21. sampun binoyong jinarah | wong Kajoran binêkta marang Matawis |[32] Pangeran Dipati kondur | lawan para sêntana | tan kawarna kang mantuk dhatêng Matarum | warnanên Pangran Kajoran | lajêng dhatêng Surabanggi ||
22. sampun panggih lan kang putra | Trunajaya lakung marmaning galih | tan winarna laminipun | sampun agênti warsa | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | kalayan Raja Makasar | arsa ngigahi Matawis ||
23. miwah Panêmbahan Rama | angrêmbagi sêtu[33] kalawan pasthi | ing Mataram pan wus sêpuh | mangsane yèn rêngkaa | samun pêpak gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanêgara | wau kang sami ambalik ||
24. samya amêpêk gêgaman | wus arakit sêdya migah Matawis | wus prapta sêmayanipun | sigra anulya bubar | prajurite wong Sampang ikang rumuhun | wau kinon nindhihana | sakathahe punang baris ||
25. Trunajaya [Tru...]
--- [f. 352r] ---
[...najaya] dèrèng obah | prajurite kinèn migah kariyin | dening ta jêjulukipun | Tumênggung Mangkuyuda | Wangsaprana ikang dadya sisihipun | kalawan Dhandhangwacana | sami prakosa ing jurit ||
26. tanapi bala Makasar | tandangira kadi banthèng akanin | wastane pangajêngipun | nênggih Dhaèng Marewa | Dhaèng Mirwa kalayan Sang Busung Marnung | solahe lir macan galak | sigra bubar punang baris ||
27. têtiyang măncanêgara | ing bang wetan apan sami angiring | lawan sagêgamanipun | lamun tinon sumahab | kawarnaa lakuning baris anglarug | sakathahe wong bang wetan | suyud manahe awiwrin ||
28. datan kawarna ing marga | lampahira ing Garobogan prapti | sampun masanggrahan kumpul | samya apradadanan | kambi nganti rowangira ikang kantun | anèng sabranging bangawan | kalakung agêng kang baris ||
29. wong sabrang wetan puyêngan | kagegeran sadaya sami ngili | lumayu arêbut dhucung | lawan saanak rena | tiyang Sampang abêbajag karyanipun | alyir pêndah saradula | ikang băngga dèn patèni ||
30. tiyang èstrie tinawan | jinarahan rajakayane ênting | wong Pajang samya misuwur | yèn mêngsah sampun prapta | sampun anjog bêngawan sabrang sadarum | ing Garompol binarisan |
--- [f. 352v] ---
risak wong pigir banawi ||
31. tiyang Pajang apuyêngan | samya ngili manahe lakung ajrih | dening wartane misuwur | yèn arsa mring Mataram | ing mangkene wong Sampang nèng sabrang banyu | para pugawa ing Pajang | pan sami amêpêk baris ||
32. kawarnaa wong Madura | Mangkuyuda sampun nyabrang bênawi | ing Kali Sêmanggi umung | saha bala sumahab | tiyang măncanêgara sawarninipun | samya kêrigan sadaya | anglurug dhatêng Matawis ||
33. tanapi tiyang Makasar | solahira kadi banthèng akanin | sampun anyabrang sadarum | wadyabala bang wetan | anèng Kali Sêmanggi syara gumuruh | kang para mantri ing Pajang | sêdyane amapag jurit ||
34. sinêrang datan kawawa | pan kalulun wadya ing Pajang wiwrin | saanak rabi lumayu | angusi mring Mataram | apuyêngan tiyang ing Pajang pan mawut | ing padesan kagegeran | sadaya sami angili ||
35. angungsi kitha Mataram | kang sawanèh angusi dhatêng wukir | wong desa sampun akêbut | akathah paranira | wong Madura gêgilani tandangipun | ing Pajang sampun kancikan | durmane ikang angili ||
86. Durma
[Kraton Mataram kabedhah déning Trunajaya. Nata Mataram, pangéran adipati anom saha pangéran Puger lolos, lajeng masanggrahan wonten ing Jenar.[34]]
1. wadya Pajang kang kantun mirut sadaya | apan samya ambalik | tan ana sawala | sawab sampun kèdêkan | sangsaya agêng kang baris | măncanêgara | kang êlor samya prapti ||
2. Ki Tumênggung Makuyuda sampun mangkat |
--- [f. 353r] ---
lajêng dhatêng Matawis | sampun ingundhangan | sagunging wadyabala | sampun pêpak punang baris | Dhangdhangwacana | dadya cucuking baris ||
3. Wangsaprana kang dadya panêngênira | ikang pangawat kering | Arya Madhalika[35] | dene tiyang Makasar | kang dadya cucuking jurit | Ki Dhaèng Mirwa | lawan Dhaèng Makincing ||
4. Busung Marnung kalawan Dhaèng Mabela | gêgamane saligi | tawok lawan pêdhang | wong Makasar malatar | tanapi măncanêgari | ngêbêki papan | kadya prawata sari ||
5. ya ta budhal bala bang wetan sadaya | untabe angajrihi | sira Mangkuyuda | kang dadya gêgunungan | arusuh lampahing baris | tansah bêbahak | wong Madura lir bêlis ||
6. kang padesan lor Mataram apuyêngan | sêdya sami angili | angusi jro kitha | wanèh ngusi ing arga | wong Sampang ambêbajagi | wadya Mataram | kang lanang dèn patèni ||
7. ikang èstri tinawan tur dhinedhelan | ginantung ikang kumbi | wanèh kinukusan | amrih sami mêdala | darbene kang dèn pêndhêmi | pan agêgila | lir setan polahnèki ||
8. kawarnaa lakune wadya Madura | ing Taji sampun prapti | tansah ambêbahak | padêdesan Mataram | nêngêna kang anèng Taji | kang kawarnaa | Sri Narendra Matawis ||
9. pan pinêpêk wadyabala ing Mataram | karsa amapag jurit | ikang para putra | miwah para sêntana | pêpêk anèng păncaniti |
--- [f. 353v] ---
samya siyaga | sakapraboning jurit ||
10. putra sêpuh Pangran Dipati Mataram | karsa tindak ing jurit | kalih arinira | Pangeran Pugêr ika | lan Pangeran Singasari | lan Mêrtasana | wus siyaga ing jurit ||
11. sampun pêpêk para niyaka Mataram | saha busana jurit | Pangran Prigalaya | tumênggung ing Mataram | para putra ing Matawis | samya pamitan | ing rama atur bêkti ||
12. wus linilan bubar gêgaman Mataram | kang dadi senapati | Pangeran Dipatya | rêspati nitih kuda | prajurite amêrapit | awarna-warna | gêgamaning Matawis ||
13. mugèng ngarsa tiyang sèwu Numbakanyar | dadya cucuking jurit | lawan wong Bumija | gêgamane baranang | prayayi agêng nambungi | sagêgamannya | kalawan wong Panumping ||
14. tanpa wilangan gêgamaning Mataram | kadya prawata sari | marga kaèbêkan | ambèr mring ara-ara | anglarug lampahing baris | dyan kawarnaa | kang abaris nèng Taji ||
15. wus angasêg gêgamane wong Madura | ikang wadya amalih | lawan wong Makasar | mangulon lampahira | Dhangdhangwacana angirid | Talagawana | wau kang dèn anciki ||
16. ya ta wau Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun angasêg baris | lawan Wangsaprana | wong Sampang amalatar | lampahe agêgilani | wadya Mataram | kang amapag wus prapti ||
17. sarêng mulat wong Sampang lan wong Mataram | anèng ing Kaliajir [Kali...]
--- [f. 354r] ---
[...ajir] | atêmpuh kang yuda | rame êlong-linongan | kadya rubuha kang langit | gènnya ayuda | mimis kadya garigis ||
18. ing Talagawana arame kang yuda | wong Makasar nindhihi | kadya saradula | kotbuta wong Makasar | angamuk angobat-abit | miwah wong Sampang | lir banthèng tawan kanin ||
19. nora bakal baya karsaning Pangeran | rusake wong Matawis | pan sasolahira | wong Mataram kasoran | gènnya ajurit kalindhih | dèn wong Madura | baya karsaning Widi ||
20. para prawira prajurite ing Mataram |[36] nora duwe kuwanin | miwah para putra | manahe lir wanodya | galihe wêdi agiris | maring wong Sampang | wadyane akèh mati ||
21. pan kalindhih yudane wadya Mataram | anglarod punang baris | tan kêna tinata | datan măngga puliha | para prawira awiwrin | pan kapalajar | para putra Matawis ||
22. ngusi kitha wadyabala ing Mataram | puyêngan sanêgari | têtiyang Mataram | lir gabah ingintêran | sadina-dina atitrim | saanak rena | dening kalah kang jurit ||
23. atanapi têtiyang jawining kitha | apuyêngan angili | lan sanak rabinya | wanèh angusi kitha | ana kang angusi wukir | pan apuyêngan | tanbuh polahannèki ||
24. wong Madura sampun andhêsêk ing kitha | lan wong măncanêgari | anèng Pajarakan | Tumênggung Mangkuyuda | prajurite [praju...]
--- [f. 354v] ---
[...rite] dèn undhangi | sira dhêsêka | kuthane wong Matawis ||
25. abongana umah sajabaning kutha | mênawa wong Matawis | ana ikang băngga | lah padha patènana | lah abongana tumuli | karêpe uga | ing jro kitha atitrim ||
26. ingobongan wisma sajawining kitha | sarta dipun jarahi | surak lir ampuhan | wadya Sampang bêbajag | sajroning kitha atitrim | pan apuyêngan | manahe lakung wiwrin ||
27. pra pugawa muwah kang para sêntona | pratuwin para mantri | anèng pagêlaran | miwah putra sadaya | pêpêk anèng păncaniti | samya siyaga | sakrapraboning[37] jurit ||
28. anyaosi karsanira sri narendra | mênawa sri bupati | miyosi ing yuda | mila para pugawa | asaos ing păncaniti | dyan kawarnaa | Sri Narendra Matawis ||
29. sampun wikan lamun jangjining Pangeran | tan kêna owah gisir | yèn kitha Mataram | pan sirna jênêngira | sri narendra ing Matawis | wus anarima | yèn titahing Yyang Widi ||
30. sri narendra karsane atilar pura | kèsêr saking Matawis | tan kêna tinambak | rêngkane ing Mataram | pan sampun dhatêng ing jaji | wus satus warsa | jênênge ing Matawis ||
31. ingundhangan para sêlir lawan garwa | tiyang sajroning puri | kinèn adangdana | karsane sri narendra | akarsa lalos ing wêngi | saking Mataram | busêkan wong jro puri ||
32. samya dadan [dada...]
--- [f. 355r] ---
[...n] gêgawa sakêlarira | lir gabah dèn intêri | muwah para putra | pan sampun winangsitan | akarsa lalos ing wêngi | saking jro pura | sampunnya dadan sami ||
33. malêm Akad tanggal wolulas ing Sapar | taun Be măngsa kalih | ya ta sinêngkalan | dening ikang anurat | busêkan nagri Matawis | pan sirna ilang | rasane ikang bumi |[38]|
34. têngah dalu bubare sri naranata | saking sajroning puri | wong dalêm puyêngan | tangis kadya ampuhan | tunjang-tinunjang pawèstri | sakêlarira | bêkta dunya ing puri ||
35. apuyêngan tanbuh musuh lawan rowang | wus mangkat sadayèki | wisma ingobongan | tangis lir pendah gêrah | anglir gabah dèn intêri | wadya Mataram | padha arêbut dhingin ||
36. salang tunjang wêdi kapisah lan rowang | amung kang anak rabi | binêkta tan pisah | dunya datan kaetang | amung anake dèn indhit | gigal dêdalan | anak datan katolih ||
37. rabinira angucap nakira gigal | lakinira nauri | ya gigal oraa | ginawe apa bocah | prandene gampang kinardi | balikan sira | aja adoh lan mami ||
38. ilang oraa sok aja sira kang ilang |[39] ya biyangane ênyik | sun ago[40] bibitan | ya ta sêlak katunjang | wanèh angulari rabi | katunjang kathah | èstri pisah lan laki ||
39. pan abondhèt marang ing wong lanang liyan | angucap ngasih-asih |
--- [f. 355v] ---
kula dika bêkta | benjang kartaning jaman | kawula andika kawin | karyanên padang | prandene laki mami ||
40. pan anigal si jênat tan angruruha | kathah polahing èstri | mêdal saking kutha | wadyabala Mataram | angulon gènnya angili | pan atut wutat | lampahe sri bupati ||
41. ikang sugih anak lakung gènnya susah | ginendhong lan dèn indhit | wong ikang akaya | anak winot ing kuda | anangis pating jalêrit | kawêlasarsa | kang maksih dèn susoni ||
42. pan kasusu wau ingobong-obongan | lir grah syaring tangis |[41] sawanèh angucap | anakmu ilang papat | ikang lanang anauri | ilang nora |[42] pan nora dadya pikir ||
43. saprandene tan ngumani sêga wadhang | aja maras sirèki | sun maksih arosa | sok kartaa kang jaman | besuk payo padha kardi | oliha papat | nora kangelan gampil ||
44. kawarnaa sri narendra ing Mataram | ikang atilar puri | anitih dipăngga | wus anabrang Paraga | angilèn karsaning rèki | kang para putra | tut wiking tan atêbih ||
45. kawarnaa Ki Tumênggung Makuyuda | sampun miyarsa warti | yèn Prabu Mataram | gisir saking ing pura | ngilèn nabrang ing Paragi | suwung ing pura | para putra tan kari ||
46. risaksana Ki Tumênggung Makuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | milu malêbèng kitha |
--- [f. 356r] ---
prasamya angrêrayahi | lir wrêdu ăngga | puyêngan jroning pura |[43]|
47. Ki Tumênggung Makuyuda anèng pura | wau kang dèn kakahi | têtiyang Mataram | kang kantun apuyêngan | kalakung kawêlasasih | samya tinawan | kang lanang dèn patèni ||
48. sakalakung wong Madura sumawawa | polahe gêgilani | pan dadi bêbasan | bajag Sampang arêsah | giris sakèh aningali | dhasar andhugal | mênang sangsaya baring ||
49. Dhangdhangwêcana ikang kinèn anusula |[44] lampahe sri bupati | bêkta wadya Sampang | miwah wadya Makasar | nututi marang nrêpati | tiyang Mataram | kang kacandhak kèh mati ||
50. ikang nutut binănda tur dhinedhelan | darbèke dèn ambili | kang èstri tinawan | pan sarwi tinataban | barang katon dèn ambili | sarya jinamah | ikang mirsa agiris ||
51. Ki Tumênggung Makuyuda kantun pura | nanging ikang nututi | Ki Dhangdhangwêcana | bêkta bala sumahab | nêngêna datan winarni | dyan kawarnaa | ikang atilar puri ||
52. Prabu Mataram kalawan kang para putra |[45] sampun anabrang nênggih | Lèpèn Bagawata[46] | pan mêdal ing Wêwaja | mangilèn datan anolih | mêdal ing Rawa | lampahe sri bupati ||
53. gurewalan ikang wadya kadhusangan[47] | mênawa dèn tututi | dening wong Madura | lakung dènnya kasêsa | Urutsèwu dèn margani | wau sang nata | raryyan agunêm pikir ||
54. putra tiga wau kang kinèn kantuna | ing desa Jênar sigih |
--- [f. 356v] ---
Pangran Pugêr ika | Pangeran Mêrtasana | lan Pangeran Singasari | kinèn ngrêbuta | kitha sinom Matawis ||
87. Sinom
[Sunan Mengkurat kaliyan pangéran adipati anom tindak dhateng Tegalarum. Kangjeng sunan séda, lajeng kasarèkaken ing Tegalarum. Pangéran Puger kabiyantu wadya Bagelèn saged ngrebat Mataram. Pangéran Puger jumeneng nata ing Mataram asesilih Sénapati Ingalaga Sayidin Panatagama ingkang ngedhaton ing Plèrèd.[48]]
1. lah uwis sira karia | putra ngong Ki Pugêr kaki | poma ta dèn olih karya | putra katiga ngabêkti | ing rama sri bupati | muwah mring kang raka wau | Jêng Pangeran Dipatya | kapiluh sadayanèki | sri nalendra muwus sajroning wardaya ||
2. sang nata sigra umangkat | lajêng mangilèn narpati | kang sinêdya ing wardaya | sri narendra ing Matawis | ing Toyamas kang karsi | amargi ing Rema wau | nênggih ing Karanganyar | kathah kang wong ngadhang margi | pan atembak wong Karanganyar nèng marga ||
3. ya ta wau sri narendra | alon dènira lumaris | kang lumampah anèng ngarsa | sagunge kang para gusti | saksana marêpêki | nênggih kang bêbegal wau | wong desa Karanganyar | wong dalêm dipun dhèdhèli | ting jalêrit wong dalêm ikang binegal ||
4. sarêng wau katingalan | mring Jêng Susunan Matawis | angandika sri narendra | hèh wong apa ting jalêrit | wong dalêm awotsari | têtiyang begal pukulun | mèsêm sri naranata | ngandika arum amanis | ya wong desa durung ana wruh maringwang ||
5. lan maninge bênêr uga | durung wrasan kucah mami | iya payo dèn aegal | padha sêbarana picis | reyal lan uwang iki | atanapi êmas agung | miwah kang rajabrana [ra...]
--- [f. 357r] ---
[...jabrana] | sigra ikang para gusti | sarê[49] myarsa pangandikane sang nata ||
6. sadaya para biyada | pan samya anyêbar picis | reyal atanapi uwang | êmas rajabrana adi | sigra dipun tumpuki | nanging taksih ngrayah purun | ngandika sri narendra | hèh wong desa nora eling | pasthi sira tan salamêt anèng dunya ||
7. sarêng mirsa pangandikanira |[50] jêng suhunan ing Matawis | pan samya lumpuh sadaya | tan ana bisa atangi | samya srah pati urip | sarta tobat mring sang prabu | jêng susunan ngandika | nora ala têkèng mami | aran sira amitênah wong lumampah ||
8. wong kang alumpuh sadaya | samya sru nangings[51] ing gusti | jêng sunan awlas ing nala | wus padha tangia maning | mêmarènana sami | aja bêbegal sirèku | sadaya atur sêmbah | dhumatêng sri narapati | pan sadaya ngujukakên pêjah gêsang ||
9. sri narendra angandika | iya sun tarima sami | uwis ta padha karia | isun arsa laju iki | maring Banyumas kami | saksana mangkat sadarum | sagung ikang wanodya | lumampah anèng ing ngarsi | tan winarna lampahe praptèng Banyumas ||
10. putra kalih kang tut wutat | Kanjêng Pangeran Dipati | lan Pangran Arya Mataram | punika pamêkasnèki | kang tugil yayah bibi | mangkat sing Banyumas sampun | agêbagan rantaban | sagunge kang para gusti | sampun prapta dhusun lèr kilèn [ki...]
--- [f. 357v] ---
[...lèn] Toyamas ||
11. Pawangkidan lan Têtêgal | rêrêb Sang Prabu Matawis | pan wus sidik ing paningal | uninga karsaning Widi | lamun dhumatêng jangji | puput panjênênganipun | ya ta anandhang gêrah | tan karsa dèn usadani | sampun asrah marang karsaning Pangeran ||
12. kang pugawa ingandikan | kinèn lumampah kariyin | isun sira karyakêna | pasêkaran ing Têtêgil | apan karsaning Widi | sun ngastana Têgalarum | dèn egal karyakêna | kaluwat katêmu dadi | apan isun wis sumăngga karsaning Yyang ||
13. kang kinèn sigra lumampah | dhatêng nêgari Têtêgil | kawarnaa sri narendra | gêrahe saya ngranuhi | ya ta ngandikan gipih | Pangran Dipati mring ngayun | sapraptane ngajêngan | Pangran Dipati winêling | wau dhatêng ing rama sri naranata ||
14. yèn isun têkèng wêkasan | iya ta wêwêkas mami | sira kaki ngastokêna | ngajaka bala Wêlandi | iku kanthinên kaki | sira amalêsa ukum | mring nêgara bang wetan | kaki isun angamini | lah rêbutên nêgaranira Mataram ||
15. yèn sira kanthi Wêlănda | ing ajurit pilih tandhing | uwis karsaning Yyang Sukma | mingêr ikang sawab salin | ika mangsaning benjing | si kapir yudane ugul | arane Si Walanda | iku kanthinên nak mami | pasthi kêna nêgaranira Mataram ||
--- [f. 358r] ---
16. sakèhing kang bêbêrkatan | sira ikang sun warisi | sun wênangakên ngagoa | sakèh jimat ing Matawis | kang putra atur bêkti | anyukêmi asmu êluh | kang rama angandika | alah uwis sira kaki | dèn abêcik kaki putra isun tilar ||
17. amung putra kang atuwa | lan wuragil kang nungkuli | dening putra kang têtiga | anèng ing Bagêlèn sami | apan apacêk baris | tan kawarna solahipun | sang nata sampun mapad | apan sampun dèn sirami | sinalatkên wau anèng pasiraman ||
18. ya ta kang dhusun punika | winastan Pangran Dipati | ingaranan Pasiraman | kang rama sampun asuci | sinalatakên aglis | kaum patang puluh iku | kang layon wus binêkta | pinêtêk nèng Têgalwangi | kawarnaa putra kang kantun nèng Jênar ||
19. Bagêlèn kêrig sadaya | ing Jênar gènnya abaris | wong sèwu prasamya prapta | wong Samalangu kinêrig | dening mantri Matawis | Gajah Pramoda kang kantun | anèng raja pinutra | pangeran ing Pugêr nênggih | sarêng dalu pangeran sare nyupêna ||
20. kapanggih lawan kang rama | nanging tulus angêmasi | sajro supêna ngandika | sira abalia kaki | rêbutên ing Matawis | mêngko uwis mangsanipun | kêkuthaa ing Jênar | pangran awungu wus ligih | jêng pangeran pêpungu[52] supênanira ||
21. anari para pugawa [puga...]
--- [f. 358v] ---
[...wa] | atanapi para mantri | pratuwin kang para tapa | karsanira sang apêkik | arsa jumênêng aji | sinebaa mantri agung | sakathahing pugawa | sadaya sami ngrêmbagi | atanapi sagunge kang wadyabala ||
22. ya ta sang raja pinutra | sampun jumênêng nrêpati | Senapati Ingalaga | Sayidin Panatagami | ing Jênar dèn kithani | Purwagănda wastanipun | sami suyud sadaya | wadya Bagêlèn gung alit | yèn sineba pinarak anèng dhêdhampar ||
23. para sêntana akathah | wau ikang angantuni | Rahadèn Prawiratruna | Radèn Răngga apan kari | tanapi para mantri | Gajah Pramoda ranipun | ngawula radèn putra | miwah ikang rayi kalih | wong Bagêlèn sami kinulawesuda ||
24. wau limane sang nata | tinilar wontên ing margi | apan sampun pinurugan | warnanên ikang nututi | tiyang Madura nênggih | Dhadhangwacana ranipun | kandhêg ing Jagabaya | solahe agêgilani | wong Kalagan mapag anèng ing Wêwaja ||
25. tiyang Bagêlèn sumahab | sami angantêp ing jurit | para mantri ing Kalagan | sadaya ngawaki jurit | lakung ramening jurit | Jagabaya gènnya cucuh | datan arsa mundura | Dhangdhangwacana prajurit | lakung têguh datan pasah dening braja ||
26. arame prang long-linongan | ing sabên dina
--- [f. 359r] ---
ajurit | kalawan wadyèng Kalagan | arame bêdhil-binêdhil | wadya akathah mati | agênti buru-binuru | anèng ing Jagabaya | wong Bagêlèn dèn tindhihi | marang sira para sêntana Mataram ||
27. ing sabên dina ayuda | arèrèn kala ing wêngi | enjang anêmbang têngara | Dhangdhangwacana ngundhangi | ing wadya lan prajurit | tiyang Madura agêrgut | sêdya angantêp yuda | wadya Makasar nèng kering | wong Madura prajurite wus siyaga ||
28. miwah wadya ing Kalagan | sumêdya angantêp jurit | Panêmbahan Ingalaga | wau ikang anindhihi | miwah ikang prajurit | para sêntana agêrgut | Radèn Wirataruna | Radèn Wiramênggalèki | atanapi Tumênggung Gajah Pramoda ||
29. pangeran ing Martasana | lan Pangeran Singasari | sami anindhihi yuda | sumêdya arêbut puri | ya ta campuhing jurit | arame buru-binuru | tiyang Sampang kasoran | akathah ikang ngêmasi | wong Madura kaburu lumayu ngetan ||
30. ya ta prajurit Kalagan | gènnya amburu mangukih | samya nabrang Jagabaya | sumêdya arêbat puri | pan saya asal galih | tiyang Bagêlèn anggêrgut | kang Sinuwun Ngalaga | wau kalawan kang rayi | sampun nyabrang wau Lèpèn Bagawănta ||
31. wau wadya ing Kalagan | kalakung bèr ing kuwanin | Panêmbahan [Panê...]
--- [f. 359v] ---
[...mbahan] Ingalaga | wau ikang anindhihi | miwah ikang prajurit | para sêntana agêrgut | Radèn Prawiratruna | Radèn Wiramênggalèki | atanapi Tumêngguh[53] Gajah Pramoda ||
32. ya ta prajurit Kalagan | angukih gènira ngusir | wadya Madura Makasar | lumayu datan anolih | kalakung gènnya ajrih | ngusi kitha sêdyanipun | Tumênggung Makuyuda | ngêkahi pura Matawis | solahira wong Sampang kadi hèrnawa ||
33. Dipati Sampang kacandhak | ikang anèng ing Matawis | Ki Dipati Cakraningrat | sampun kacêpêng alami | dening ikang prajurit | Mangkuyuda kang linuhung | wus binêkta angetan | kalawan saanak rabi | sampun katur marang Radèn Trunajaya ||
34. ya ta wau ikang paman | Cakraningrat dèn sakiti | dinèkèkakên Lodhaya | kalawan wau kang rayi | lakung kawêlasasih | ênêngêna ta karuwun | kocap Dhandhangwêcana | ikang lumayu angusi | ing jro kitha kalawan sawadyanira ||
35. Senapati Ingalaga | kalihan wau kang rayi | bêbujung Dhangdhangwacana | sagêgamannya ngajrihi | ya ta tiyang Matawis | wau kathah ikang rawuh | dene miyarsa warta | gustinira wangsul malih | marmitane wong Mataram kathah prapta ||
36. apan sami angawula | dhumatêng sri narapati | Panêmbahan Ingalaga | saya kukuhing [ku...]
--- [f. 360r] ---
[...kuhing] ajurit | dene tiyang Matawis | ikang mawut sami kumpul | lampahe sampun prapta | wau nêgara Matawis | pan abaris anèng sajawining katha[54] ||
37. Ki Tumênggung Mangkuyuda | kang anèng sajroning puri | kalawan Dhandhangwacana | lawang kitha dèn tangkêbi | manahe samya miris | wong Madura kang kaburu | miwah bala Makasar | manahe sangêt agiris | kawarnaa wadya Bagêlèn malatar ||
38. Panêmbahan Ingalaga | kang sêdya arêbut puri | tan kawarna solahira | gènira amangun jurit | wong Madura umiris | pan samya lalos ing dalu | Tumênggung Makuyuda | saking kadhaton Matawis | saha wadya tanapi bala Makasar ||
39. palayunira mangetan | sêdya ngusi ing Kadhiri | tan kawarna lampahira | warnanên Sri Narapati | Ingalaga prajurit | ikang pura wus karêbut | kang Sinuwun Ngalaga | sampun ngadhaton Matawis | pêpêk malih kang wadyabala Mataram ||
40. akathah kang sami prapta | kapêdhak lan para mantri | miwah kang para sêntana | têtêp jênênge nrêpati | anèng kitha Matawis | kang wadyabala sumuyud | ikang para sêntana | sadaya jinujung ligih | atanapi wadya Bagêlèn sadaya ||
41. sami kinulawesuda | akathah kang ligih lampit | wong Bagêlèn kalih sanak |
--- [f. 360v] ---
kang kinarya senapati | Arya Surajayèki | lan Arya Tambakbayèku | kalih samya prawira | lan têtuguling ajurit | kang kinarya patih Arya Madhalika ||
42. Radèn Prawirataruna | pan sampun jinujung ligih | wau ing kêkasihira | Adipati Makubumi | anênggih sisihnèki | pan sampun jinujung luguh | kang nama Radèn Răngga | jinujung nama pipati | Adipati Mêrtasana ing Mataram ||
43. apan Kyai Kêtib Kamal | pan sampun jinujung ligih | Kya Pangulu Adiningrat | Ngabdullah Panatagami | wadya Matawis ajrih | sadaya nglampahi ukum | parentahe sang nata | apan palamarta adil | wong Mataram sadaya eca kang manah ||
44. nanging kalane sêmana | Mataram gêgêring dadi | larang udan larang pangan | sangêt wêwêlêk nêkani | gêsêng ikang nêgari | apan têksih hawanipun | badhe nêgara rusak | akathah warnaning sakit | kang sawanèh kudhisên banjur palastra ||
45. ana sakit mising rumab | tan lami bajur ngêmasi | wontên dene kang agêsang | samya ngere punang jalmi | nèng lêlurung nèng kali | ing pasar kêkere agung | sangêt ing larang pangan | wadya lit larang binukti | kayon têrag sinambêr paksi srêngkara ||
88. Dhandhanggula
[Pangéran adipati anom jumeneng nata asesilih sunan Mengkurat Sénapati Ingalaga Ngabdulrahman Sayidin Panatagama. Sunan Mengkurat utusan adipati Mandaraka nyuwun pambiyantu dhateng kumpeni ing Betawi.[55]]
1. pan akathah wêwêlêk dhatêngi | saya sangêt laraning sujalma | panastis lara rumabe [ru...]
--- [f. 361r] ---
[...mabe] | wadya pating galuruh | ikang gêring suk sore mati | gring sore esuk pêjah | saking sangêtipun | sakathahe wadyabala | ing Mataram anandhang datan kawawi | sangêting larang pangan ||
2. Adipati Mêrtasana sakit | tan alami cinarita seda | sang nata lakung ngungune | ya ta pangeran iku | Singasari sampun ngêmasi | wadya lit têtumpêsan | kawula Matarum | sangêt susahe kang gêsang | ing Mataram saking sangêting gêgêring | datan kêna tinambak ||
3. ênêngêna kang madêg nêrpati | wau Panêmbahan Ingalaga | kang ngadhaton Matarame | gêntia kang winuwus | putra sêpuh kang magung brangti | Pangeran Adipatya | tansah nganyut tuwuh | sasedane ikang rama | sakalakung wau gènnya arudatin | sumêdya anglêlana ||
4. jêng pangeran ngandika mring abdi | timbalana Mêrtalaya Têgal | kang kinèn tur sêmbah lèngsèr | datan kawarnèng ênu | sampun prapta nêgari Têgil | Dipati Mêrtalaya | ya ta pagih wau | dhinawuhkên kang timbalan | sigra budhal saking nêgari ing Têgil | Dipati Mêrtalaya ||
5. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta tanah ing Toyamas | panggih lan Dipati Anom | Mêrtalaya cumundhuk | mangarêpa padaning
--- [f. 361v] ---
gusti | akathah aturira | pangran ngandika rum | marmane sira sun undang | Mêrtalaya isun upayakna aglis | parau kang prayoga ||
6. Mêrtalaya nêmbah matur aris | adhuh gusti kinarya punapa | jêng pangeran ngandika lon | sun gawa layar besuk | lunga ngaji ing karsa mami | marang nêgara Mêkah | Mêrtalaya matur | agèr sampun sapunika | ing rat Jawi sitên ikang dèn gendholi | gusti liya panduka ||
7. yèn kenginga kawula aturi | adalêma gusti ing Têtêgal | sampun anganyut tuwuhe | agèr madêga ratu | agêntosi rama nrêpati | watêna nagri Têgal | amba kang amangku | prakawis mêngsah panduka | wong Mandura sampun gusti walang galih | kawula kang maguta ||
8. nadyan anggèr wêwaha sakêthi | wong Madura amba datan ulap | angêmbari prakosane | dèn kongsi ajur mumur | anglampahi karyaning gusti | mêngsah tiyang bang wetan | sagêndhinge purun | pangeran alon ngandika | isun nora kêna ta sira aturi | mêksa lunga mring Mêkah ||
9. Mêrtalaya nêmbah matur aris | yèn panduka tan kêni ngaturan | kawularsa pamit anggèr | arsa damêl parau | botên sami karya pribadi | asae tur akêkah | punika [puni...]
--- [f. 362r] ---
[...ka] pukulun | yèn suwawi lan paduka | kasaosna jêng pangeran ngandika ris | apa sakarsanira ||
10. Mêrtalaya nêmbah matur aris | adhuh gusti panduka kantuna | sigra lèngsèr sabalane | datan kawarnèng ênu | wau sira Dipati Têgil | kang mantuk mring nêgara | warnanên kang kantun | jêng pangeran adipatya | ginarumung dening wadya agêng alit | ingaturan tan kêna ||
11. lampus ing driya atêmah brangti | Pangran Dipati anèng Toyamas | tan karsa dhahar asare | apan sampun anglampus | tan anêdya wau ngulari | anêdya kawibawan | wau sêdyanipun | karsa haji dhatêng Mêngkah | sakathahe pugawa agêgendholi[56] | sadaya tan arêmbag ||
12. aturipun samya garit ati | dados punapa ikang dèn tilar | sêntana gendholi kabèh | abdi panduka agung | sapa sitên ikang nguyuni | pangraosing akathah | sapatilaripun | rama tuwan sri narendra | gih panduka pangeran dados gêgênti | tan nyana yèn mêngkana ||
13. kawarnaa kang agung prihatin | Pangran Dipati Anom Mataram | tanbuh raose kalbune | dening nagaranipun | ing Mataram wus bosah-basih | kalulun ikang rama | seda Têgilarum | tanbuh
--- [f. 362v] ---
raose kang manah | anglêlana tan wontên sinêdyèng ati | anèng tanah Toyamas ||
14. para mantri akathah tut wuri | tuwin para sêntana Mataram | warnanên Dipati Anom | apan asare wau | panakawanira mêtêki | wontên masjid Toyamas | wau rajasunu | sakeca gènnya anendra | panakawan punika tumut aguling | pangran rêm-êrêm sata ||
15. ya ta nyupêna Pangran Dipati | katingal sapi pêpitu prapta | têka manjing ing jajane | masjid katon garuwung | sirah gada datan kaèksi | nanging langit kawuryan | sasi duk tumurun | cinarita surya prapta | kamanusan cinandhak-candhak tan kêni | têka manjing ing grana ||
16. rajaputra kagyat nulya nglilir | pan alênggah gêgêtun ing nala | pêpungun ing supênane | ya ta karasèng kalbu | rajaputra sampun udani | yèn sasmitaning Allah | wau ikang rawuh | sanès surasaning manah | lan duk uni jagat sa-Jawa puniki | wus kagêm ikang asta ||
17. sarta cahya pangeran dumêling | alyir pendah sasi kapurnaman | amicarèng jro kalbune | salawase tènisun | mêngkenea rasaning ati | kaya ta nora bêdhah | nêgari Matarum | karsane Pangran Dipatya | arsa madêg narendra padha samangkin | agêntèni ing rama ||
18. sagung bêbêrkatan ing Matawis | apan wontêning [wo...]
--- [f. 363r] ---
[...ntêning] raja pinutra | kang wasiyat sawarnine | sigra nulya rinasuk | Ki Balabar sampun winangking | pinarak ing dhêdhampar | pugawa supênuh | sakathahe kang kawula | pan gêgêtun ningali ing gustinèki | sanès kalawan saban ||
19. cahyanira anglir pendah sasi | apan kucêm sagung wadya seba | kang abdi ngandikan kabèh | muwah kang kamisêpuh | jêng pangeran madêg narpati | Jêng Susunan Mêngkurat | jêjuluking ratu | Senapati Ingalaga | Ngabdulrahman Sayidin Panatagami | samya rêmbag sadaya ||
20. pan akathah kang jinujung ligih | wau abdi-abdinira lama | lêlurah kadipatène | sami sinung jêjuluk | ana ikang kinarya mantri | wanèh jumênêng răngga | sawanèh tumênggung | tanapi ngabèi dêmang | pan warata sadaya kang abdi lami | pan kinulawesuda ||
21. Prabu Mangkurat mangke nimbali | marang adipati ing Têtêgal | kang kinon tur sêmbah lèsèr | datan kawarnèng ênu | sampun prapta nêgarèng Têgil | panggih lan Mêrtalaya | punang duta muwus | kiyai dika ngandikan | marang gusti sarta dêdamêling jurit | sandika Mêrtalaya ||
22. sigra budhal saking ing Têtêgil | tan kawarna ing marga wus prapta | wus panggih lan Prabu Anom | Ki Mêrtalaya cundhuk | jêng susunan ngandika aris | bageya Mêrtalaya | wurung lunga tèngsun |
--- [f. 363v] ---
mugah kaji marang Mêkah | isun arsa amangun kaprabon malih | Mêrtalaya tur sêmbah ||
23. salaminipun kawula gusti | apan angarsa-arsa ing tuwan | lamun jumênênga katong | gêntosi ngrama prabu | sêsukêre ikang nêgari | gusti pun Mêrtalaya | igih ikang sagup | amêngsah Sampang Makasar | jitusêna amba gusti datan miris | tuwin nagri bang wetan ||
24. sri narendra angandika aris | Mêrtalaya sira saosêna | palya kang wurung sun age[57] | marang utusanisun | iya marang nagri Batawi | lan sira saosana | juru mudhinipun | umatur Ki Mêrtalaya | damêlipun utusan dhatêng Bêtawi | sang nata angandika ||
25. isun mundhut bantu wong Kumpêni | iya marang si gurnadur jendral | Ki Mêrtalaya ature | anuwun gusti nuwun | sampun mawi bala Kumpêni | wantu tiyang Wêlănda | kathah cidranipun | tan tulus yèn pinêrsanak | sae lair batine amangarahi | sampun adating kofar ||
26. aprakawis mêngsah dalêm gusti | pun Madura tuwin pun Makasar | tiyang wetan sadayane | kawula gusti sagup | sagêndhinge ngêmbari jurat |[58] nadyan gusti wêwaha | ewon kêthèn purun | tan sêdya gisir ing yuda | sri narendra mèsêm sarya ngandika ris | tarima Mêrtalaya ||
27. wruhanira mêngko sun tuturi [tu...]
--- [f. 364r] ---
[...turi] | kala isun maksih nèng wêtêngan | duk ibu nuju tingkêbe | syargine eyang isun | kanjêng sultan rajèng Mêtawis | ibu marêk ing eyang | prapta jro kadhatun | eyang lênggah ing dhêdhampar | sapraptane ibu eyang têdhak aglis | têka dhêdhampar êmas ||
28. eyang isun ratu kulon aglis | matur marang eyang isun sultan | sultan punapa karane | ni bok mantu kang rawuh | dening tuwan tumêdhak aglis | eyang sultan ngandika | maring eyang ratu | ni bok ratu wruhanira | dudu mantunira kang isun udhuni | kang anèng jro wêtêngan ||
29. apan iku kang isun udhuni | dene iku padha lawan iwang | dadi ratu iku têmbe | pujul samaning ratu | tur abala bacingah benjing | lah iku Mêrtalaya | marma dening tèngsun | amundhut bala Wêlănda | akokonan marang nêgara Bêtawi | mring si gurnadur jendral ||
30. pan tumukul Ki Mêrtalayèki | dening wau kaukulan sêbda | dadya anurut karsane | sri narendra anuduh | kang lumampah dhatêng Batawi | Ki Arya Măndaraka | wau kang ingutus | amundhi surat narendra | wong kêkalih lan Ngabèi Nindakarti | juru mudhi wong Têgal ||
31. lèngsèr saking ngarsane nrêpati | gancang lampahe Ki Măndaraka | muara Têgal jujuge |
--- [f. 364v] ---
wus numpak ing parau | tan winarna ikang lumaris | kocapa sri narendra | wau ikang kantun | anèng tanah ing Toyamas | angundhangi mring wadyanira gung alit | karsa budhal mring Têgal ||
32. angandika alon sri bupati | dhatêng kapêdhakira kang lama | Ki Pranataka[59] wastane | Pranantaka sirèku | lumakua sira dèn aglis | sun kongkon maring Donan | ing masigit watu | kang aran Nusa Barambang | angalapa pusakan jumênêng aji | sêkar Wijayamulya ||
33. ayya mulih lamun durung olih | nadyan kongsi jambul wanên sira | sun upatani yèn mulèh | yèn ana kang pitulung | sadalane têka agampil | kêmbang Wijayamulya | mring sira katangguh | Pranantaka awotsêmbah | gih sandika ing karsa datan gumisir | nadyan dhatênga pêjah ||
34. sampun lèsèr ngarsane nrêpati | Pranantaka lumampah mring Donan | anglugas raga lampahe | warnanên sang aprabu | apan nulya nêtêg têrngari[60] | budhal saking Toyamas | kang wadya gumuruh | karsa mring nêgari Têgal | angantosi utusan saking Batawi | Ki Arya Măndaraka ||
35. Mêrtalaya lumampah nèng ngarsi | sampun prapta nêgari ing Têgal | Mêrtalaya srah dalême | lumêbêt sang aprabu | ing dalême Mêrtalayèki | dene wadya pugawa | anèng alun-alun | lan Dipati Mêrtalaya | samya tugur pêrnahe kagok ping
--- [f. 365r] ---
kalih | wadyanira malatar ||
36. sagung ikang bupati pasisir | ikang kilèn atugur sadaya | ambêkta sagêgamane | lakung gènnya sêsugun | dyan warnanên ikang lumaris | Ki Arya Măndaraka | lampahe wus rawuh | mring nêgara ing Jakarta | wus pêpanggih kalawan para Kumpêni | miwah gurnadur jendral ||
37. katarima surasaning tulis | mupakat tuwan gurnadur jendral | muwah para upêsire | apan sadaya rêmbug | arsa tulung wadya Kumpêni | senapatining yuda | amral kang tinuduh | Hèlduwèlbèh namanira | wus kaloka ing sabrang prajurit luwih | bêkta sradadu dhomas ||
38. binêktanan mayor papat nênggih | kumêndamipun tugil sakawan | gih sakawan kapitane | lutnan ikang wêwolu | lopèrèse wêwalu malih | sareyane nêmbêlas | kopral têlung puluh | kalih sukêtarisira | lan malihe Bugis Makasar lan Bali | sèwu Kumpêni Islam ||
39. Krèng Kadhakrang[61] mayore wong Bugis | Kraèng Naba mayor ing Makasar | punika senapatine | têlas wêwêlingipun | Sang Gurnadur Jendral Bêtawi | saksana amral numpak | ing palya gumuruh | syaraning wong nata gaman | sigra layar wau nêngah ing jaladri | sigêgên tan kocapa ||
40. kawarnaa ikang nglugas ragi | kang dinuta mring Nusa Barambang | Ki Pranantaka lakune [la...]
--- [f. 365v] ---
[...kune] | prapta masigit watu | tan anêdya kalamun urip | nanging anyipta pêjah | wau batinipun | tan aguling tan adhahar | pitung dina anênêdha ing Yyang Widi | mugi asala karya ||
41. apan sampun karsane Yyang Widi | amarêng ing dina Jumungah |[62] ing têngah dalu wayahe | ana katingal mancur | cahyanira ngêbêki bumi | ing wit Wijayamulya | wau pêrnahipun | sêkar Wijayakusuma | mung sarakit sigra pinènèk tumuli | dening Ki Pranantaka ||
42. lakung bungah dening asal kardi | Pranantaka nulya mangkat sigra | marang Banyumas jujuge | prapta Toyamas suwung | lampahira laju mring Têgil | tan kawarna ing marga | ing Têgal wus rawuh | lajêng tumamèng ngayunan | sampun kojuk sêkar Wijayadiluwih | mring Sang Prabu Mêngkurat ||
43. kawarnaa ing Dêmak nagari | padêdesan Têmpalong punika | Mêrtajaya prêtigine[63] | gunêm lan kadangipun | kang awasta Ki Wiramantri | lah payo padha lunga | marang Têgalarum | nusul Pangeran Dipatya | ing wartine mêngko umadêg narpati | anèng nêgara Têgal ||
44. arinira alon anauri | punapaa anusul mring Têgal | pan dede kang muktèkake | yèn kakang arsa nusul | dawêg kakang dhatêng Matawis | Pangeran Pugêr kakang | watên ing Matarum | kang muktèkakên mring dika | Mêrtajaya nuwalani ikang rayi | payo miyang ing Têgal ||
45. ikang rayi dadya anuruti [anu...]
--- [f. 366r] ---
[...ruti] | sigra mangkat saking wismanira | wus prapta Têgal lampahe | lajêng marêk sang prabu | ya ta kagyat sri narapati | ningali Mêrtajaya | angandika arum | hèh ta sira Mêrtajaya | apa sira dinuta marang si adhi | Mêrtajaya wotsêkar ||
46. igih kajêng kawula pribadi | arsa ngabdi mring panduka nata | sang prabu pangandikane | iya tarima tèngsun | Mêrtajaya matur wotsari | ngujukkên pêjah gêsang | dhumatêng sang prabu | dene angriyini karsa | anênggulang mêngsah Maduntên kang prapti | amba kang nglawan yuda ||
47. nanging mangke mêngsah dalêm gusti | sampun larod pun Dhandhangwêcana | ngêmbul dhumatêng gustine | ngandika sang aprabu | angêlara jajahan malih | barênga lakuniwang | pirabara besuk | Dêmak sun paringkên sira | Mêrtajaya nêmbah sumungkêm ing siti | lakung gènnya mangrêpa ||
48. kawarnaa wong ing Surabanggi | wontên têtiyang ikang sawita | sunan duk kadipatène | kêkalih sanakipun | kang sawiji nèng Surabanggi | dene ikang atuwa | Ki Ănggajayèku | ngabdi Jêng Sunan Mêngkurat | ikang anèm Ki Ănggawangsa namèki | anusul mring Têtêgal ||
49. panggih lawan sadulurirèki | Ănggajaya lakung sukanira | apanggih lawan kadange | ngaturkên mring sang prabu | angandika sri narapati | lah iya lakonana | larane karuwun | yèn ana
--- [f. 366v] ---
arjaning lampah | Surabaya sun paringakên ing benjing | kalawan arènira ||
50. kawarnaa kang anèng jaladri | lampahira Arya Mandaraka | lawan Amral Hèlduwèlbèh | praptèng muara sampun | wus alabuh palyaning rèki | Ki Arya Măndaraka | pan mêntas karuwun | kawuwusa sri narendra | duk sineba anèng pintu kaping kalih | andhèr kang anèng wutat ||
89. Pangkur
[Kumpeni dipunpandhégani amral Hèlduwèlbèh, ingkang badhé biyantu sunan Mengkurat sampun dhateng ing Tegalarum.[64]]
1. wau Arya Măndaraka | sampun prapta lajêng marak narpati | manêmbah angaras suku | sang nata lakung tustha | Măndaraka manêmbah sigra umatur | kang tabe sudara tuwan | Gurnadur Jendral Bêtawi ||
2. kalih ngujuki rêruba | gih punika awarni busana adi |[65] lampah kawula pukulun | pun jeldral[66] suka-suka | dening gusti anampar amundhut bantu | igih amba binêktanan | prajurit awarni-warni ||
3. sèwu kang Kumpêni Islam | igih dhomas saradadu Walandi | wondening têtindhihipun | Makasar Kraèng Naba | gih punika kinarya têtindhihipun | kasaosakên ing karya | Kadhangkrang Karaèng Bugis ||
4. gih punika têtindhihnya | pangagênge prajuriting Walandi | pun amral ikang tinuduh | Hèlduwèlbèh kang nama | mayor kalih sakawan kumêndamipun | kapitnan[67] nênggih sakawan | wêwolu lutnane gusti ||
5. lopèrèsipun punika | tugil wolu sareyan nêmbêlas gusti |[68] kopralipun [koprali...]
--- [f. 367r] ---
[...pun] tigang puluh | sukêtaris agangsal | saradadu Walandi pan wolung atus | amba tilar ing muara | sumăngga karsa nrêpati ||
6. sri narendra lakung tustha | angandika mring Măndaraka aris | payo timbalana gupuh | isun karsa uninga | Măndaraka nêmbah lèsèr saking ngayun | lampahnya agêgancangan | wus prapta pigir pasisir ||
7. amral sampun dhinawuhan | dika tuwan dipanggil sri bupati | arsa bratêmu sama lu | sri narendra Mataram | Hèlduwèlbèh sigra wau atut pukur | mring Ki Arya Măndaraka | Kadhangdhrang[69] Naba umiring ||
8. ya ta wau kawarnaa | jêng susunan sampun miyos tinangkil | karsa manggihi têtamu | ikang saking Jakarta | pêpêk andhèr kang wadyabala supênuh | Amral Hèlduwèlbèh prapta | Măndaraka ikang ngirid ||
9. mayor kêkalih binêkta | lan kumêndam kapitan samya ngiring | prapta ngarsane sang prabu | sami ngadêg kewala | apan sambi angêmpit tapiyonipun | kagyat kang samya umiyat | sri narendra ngandika ris ||
10. hèh karane Măndaraka | nora gêlêm seba mring jênêng mami | iya Si Walanda iku | umatur Măndaraka | igih gusti apan sampun tatanipun | dhatêng pun gurnadur jendral | mara ngadêg ngêmpit topi ||
11. mèsêm wau sri narendra | Mêrtalaya sigra gènnya marani | Wêlănda cinandhak gupuh | gulune kinon lênggah | sira Amral Hèlduwèlbèh [Hè...]
--- [f. 367v] ---
[...lduwèlbèh] datan purun | durung wruh tataning Jawa | Mêrtalaya mojar bêngis ||
12. apa sira nora wikan | lamun iki anèng ngarsaning gusti | iya Sang Raja Matarum | aranmu latnat[70] kopar |[71] mayor kalih ningali pagêdhenipun | pangrasane dèn niaya | sigra samya marêpêki ||
13. Amral Hèlduwèlbèh mojar | hèh Ki Arya Măndaraka kadipundi |[72] prapta manira puniku | pêkênira kang ngundang | têkèng têmah dèn niaya awak isun | yèn manira tan katrima | pasthi isun bali mulih ||
14. Arya Măndaraka mojar | Mêrtalaya lah sira salah kardi | puniku wus tatanipun | datan bisa asila | Mêrtalaya mundur anulya aluguh | Amral Hèlduwèlbèh sigra | mundur angadêg atêbih ||
15. lawan upêsir sadaya | Dhangdhrang Naba angadêg ana ing wuri |[73] sri narendra ngandika rum | hèh Arya Măndaraka | ya si amral gawanên mring ngarsanisun | sigra Arya Măndaraka | amral kinanthi mring ngarsi ||
16. sri narendra angandika | apa sira amral kang kinèn jurit | kapriye wêwêkasipun | gustimu kaki jendral | sira Amral Hèlduwèlbèh sigra matur | igih gusti awak kula | kang kinèn bantoni jurit ||
17. wêlingipun kaki jendral | sakirange wadya saking Bêtawi | kang badhe ngabên prang pupuh | Walandi ing Japara | pan punika igih katura sang prabu | amba kang kinèn abêkta | kantuna kang têngga loji ||
18. yèn sampun abis bicara |
--- [f. 368r] ---
lilah tuwan amba tindak kariyin | dèni[74] Kumpêni kang kantun | satus jaga mring tuwan | pun Kapitan Bêrnis kang kawula tuduh | kalih pun Kapitan Juspral | kang rumêksa panduka ji ||
19. sang nata alon ngandika | karsanira isun têka nuruti | nanging rèrèna karuwun | iya ing têlung dina | wus pinêrnah amral pamondhokanipun | lèngsèr ngarsane sang nata | Arya Măndaraka ngirid ||
20. sampun timbalane nata | Măndaraka among bala Kumpêni | sri naranata wus kondur | warnanên pêndhak enjang | sinewaka pra pugawa mugèng ngayun | sira Arya Măndaraka | kang mugèng ngarsa nrêpati ||
21. dangu gènnya sinewaka | kêrsa jujung dhatêng kang abdi-abdi | wong kadipatèn sadarum | sami sinungan nama | Măndaraka ing wau sampun jinujung | nama Dipati Măndraka | apan kinarya pêpatih ||
22. dening wau Pranantaka | wus jinujung Sindurêja kang nami | Andangkara wastanipun | Tumênggung Wiradigda | Kyai Sêndhi Ki Urangan[75] wastanipun | Nidakêrti wastanira | Tumênggung Binarong nênggih ||
23. bêbêktan saking ibunya | pan kapêrnah paman dening nrêpati | apan wus jinujung luguh | Radèn Anrangkusuma | sri narendra mundhut tiyang Têgalarum | kinarya upacaranya | têlung atus wong Pinilih ||
24. ngaranan wong Jagasura | angandika wau sri narapati | marang Arya Sindurjèku | hèh sira isun duta | lumakua sira mring jajahan Kêdhu | amalimana Mataram [Matara...]
--- [f. 368v] ---
[...m] | sapa kang madêg nêrpati ||
25. Radèn Madurêtna Batang | kang tinuduh tumut mring Sindurjèki | kalih sarêng awotsantun | mundur saking ngayunan | wus abêndhe syaraning wadya gumuruh | kang badhe mangkat dinuta | wadya nom-anom rêspati ||
90. Sinom
[Sunan Mengkurat ngelar negari dhateng Kedhu, Japara saha Demak.[76]]
1. Radèn Arya Sindurêja | budhal saking ing Têtêgil | kalih Radèn Madurêtna | gumêrah syaraning jalmi | upacaranya asri | wong Saragêni nèng ngayun | gandera warna-warna | wong Anumbak anèng wuri | busanane tinon lir sêkar sataman ||
2. datan kawarna ing marga | wus lêpas lampahing baris | ing Kaliwungu wus prapta | arêrêb kang punang baris | sêksana budhal enjing | wus ngancik talatah Kêdhu | Ki Arya Sindurêja | ing Kathithang dèn anciki | kathah prapta kang sêntana Parimona ||
3. akathah samya sêsêgah | sakiwa têngêning baris | mring Ki Arya Sindurêja | sakarine ikang ngili | dhusun ing Kêdhu sigih | sêmana maksih taruwu | akèh begal-binegal | yèn dalu garigis maling | apan tukup-tinukup sami parêpat ||
4. apan mung Ki Wăngsacitra | punika maksih kuwawi | kèringan ing tăngga desa | tan ana kang wani-wani | bawa lêksana ugi | dhasar sugih anak putu | kiwa têngên nguyunan | suyud sadaya wong cili | Wăngsacitra marêk mring Radèn Sindurja ||
5. rosa têguh Wăngsacitra | anake lanang kêkalih | Ki Lêmbu lawan Ki Buwang | kalihnya
--- [f. 369r] ---
têguh tur wani | anakipun kêkalih | pan sami binêkta wau | seba mring pabarisan | sasêntananira ngiring | sampun prapta Wăngsacitra pabarisan ||
6. katur mring Radèn Sindurja | tinarima suguhnèki | wau Radèn Sindurêja | kalakung gènira asih | pan kinèn anguyuni | sadaya desa ing Kêdhu | wong Bumi lan Bumija | sampun suyud sêdayèki | samya ajrih dhatêng Kyai Wăngsacitra ||
7. dene atêguh prawira | mila wong kêdhu samyajrih | lan malih bawa lêksana | sugih sanak tur kuwawi | Ki Wăngsacitra nênggih | wus agêng dêdamêlipun | ya ta Radèn Sindurja | kalakung asrêp kang galih | sampun kawrat mringt[77] surat katur ing Têgal ||
8. sampun katur mring sang nata | Wăngsacitra yèn abêcik | saguh tur bawa lêksana | karuntut têtiyang alit | pan sampun dèn astrèni | wau dhatêng jêng sinuwun | punang duta tinulak | abêkta lorodan nyamping | pinaringkên marang Kyai Wăngsacitra ||
9. sarta jinujung kang lêgah | apan kinarya bupati | wadana Bumi Bumija | sangsaya agêng kang galih | dêdamêlipun nênggih | awêtara tigang èwu | sampun karya gandera | lêlayu kăndha kumitir | Wăngsacitra bèrbudi bawa lêksana ||
10. sampun kapatêdhan nama | Tumênggung Mangkuyudèki | lan pinundhut anakira | dènira sri narapati | sampun katur mring Têgil | Ki Buwang kalih
--- [f. 369v] ---
Ki Lêmbu | wau Radèn Sindurja | ngandikan mundur mring Têgil | kang tinilar Ki Tumênggung Mangkuyuda ||
11. pan sampun waskithèng warta | kang ngadhaton ing Matawis | budhal Radèn Sindurêja | lan Radèn Madurêtnèki | Kyai Mangkuyudèki | ngatêrkên ing Kaliwungu | datan kawarnèng marga | Sindurja prapta Têtêgil | sigra lajêng sowan tumamèng ngayunan ||
12. prapta ngarsane sang nata | Sindurêja angabêkti | katur ing sapolahira | ing Kêdhu lawan Matawis | sang nata ngandika ris | paran wartane Matarum | Sindurja matur nêmbah | igih nêgari Matawis | pun Madura pan sampun larod angetan ||
13. kawon dening rayi tuwan | igih Pangeran Dipati | ing Pugêr sampun ngadhatyan | wontên nagari Matawis | sampun madêg narpati | Ingalaga kang jêjuluk | sineba wong Mataram | wondening măncanêgari | têksih bahak-binahak lan wong Mataram ||
14. mèsêm Sang Prabu Mêngkurat | sokur yayi mas Dipati | ing Pugêr arêbut pura | ya ta kawuwusa malih | amral kinèn rumiyin | lawan Kumpêni sadarum | layar maring Japara | sampun kinanthèn bupati | kang tinuduh Ki Dipati Măndaraka ||
15. lan Radèn Anrangkusuma | kang kinèn among Kumpêni | pan sami anumpak |[78] kang wadya anitih kèci | dening bupati kalih | apan nunggil saparau | ing kapal lawan [lawa...]
--- [f. 370r] ---
[...n] amral | dening wau sri bupati | apan sampun angundhangi pra dipatya ||
16. sampun ganti pitung dina | lan amral budhal sang aji | sri narendra angandika | marang Ki Mêrtajayèki | Mêrtajaya sirèki | dhingina mangkat karuwun | marang nagaranira | ngêlara jajahan maning | asebaa yèn isun prapta Japara ||
17. atur sêmbah Mêrtajaya | lèngsèr ngarsane sang aji | sakadangira wus budhal | saking nagari ing Têgil | datan kawarnèng margi | ing nêgari Dêmak rawuh | nulya apradadanan | sampun ngadêgakên baris | kang dèn êlar jajahan pasisir wetan ||
18. kawarnaa sri narendra | budhal saking ing Têtêgil | apan miyos ing dharatan | sumahab lampahing baris | tinon awarni-warni | pugawa lumangkyèng ngayun | Ki Arya Sindurêja | saupacaranya asri | kasambungan dening Ki Wirawidigda ||
19. nulya Dipati Urawan | ing wau ikang nambungi | lan Tumênggung Mêrtalaya | kalih atus kang kinangsih | gandera warni-warni | lumangkya ngarsa sang prabu | Tumênggung Mêrtalaya | gêgamane angajrihi | kang abêkta sami ukiran kancana ||
20. sami abajo rêrendan | sadaya sinimping-simping | udhêt sêmbagi sadaya | kêkawêng diwăngga kuning | samya têtali wilis | cindhe kêmbang myang kêkupu | waos pêthak sinulam | ing kancana pan waradin | lêlurahe sami anyothe [anyo...]
--- [f. 370v] ---
[...the] carapang ||
21. kang mugèng wuri sang nata | wau kang wadya Kumpêni | para dhaèng bêbragadan | lutnan lopèrès nèng ngarsi | sareyan angidêri | gumuruh syaraning tambur | wurine para garwa | miwah ikang para gusti | kang rumêksa wong pasisir anèng wutat ||
22. ing marga datan winarna | lampahe sri narapati | sampun prapta Pangasalan | akarsa rêrêb sang aji | ing Pakalongan nênggih | pinundhut wong tigang atus | kinarya upacara | ingaran wong Judhipati | ênêngêna wau ta sri naranata ||
23. ya ta ikang kawuwusa | ikang lumakyèng jaladri | Adipati Măndaraka | lawan sagunging Kumpêni | layar tan antuk angin | ing muara sampun rawuh | pasisir ing Japara | dening wau Ki Ngabèi | Wangsadipa sampun mêthuk ing muara ||
24. Ki Mandura[79] kang wus mêntas | lan sagung para Kumpêni | wus panggih Ki Măndaraka | lawan wau Ki Ngabèi | Wăngsadipa anênggih | kalakung gènnya sêsugun | ngandika Măndaraka | timbalane sri bupati | lakuniwang ngatêrakên tuwan amral ||
25. musuh kang anèng Japara | timbalan dalêm ta adhi | amral kang kinon gitika | tuwan amral sigra angling | lah igih kyai pundi | ênggène mêngsah sang prabu | sumaur Wăngsadipa | Jagatamu pêrnahnèki | nanging mangke wong Sampang sampun angetan ||
26. mila malajêng mangetan | kawula banjêl ing jurit | dening
--- [f. 371r] ---
ta rencang kawula | wong Prêsman[80] lawan wong Agris[81] | ikang grami nèng ngriki | punika tumut têtulung | ya ta amral miyarsa | kalakung èmêng kang galih | wontên malih wong sabrang kang tulung aprang ||
27. Măndaraka masanggrahan | kering dening ki ngabèi | tuwan amral pirêmbagan | wus gilig sagung Kumpêni | wong Pirman lan wong Agris | sun prih aja kosi têmu | lawan rajèng Mataram | yèn kongsia apêpanggih | pan amêsthi wong Agris ajak aprang |[82]|
28. yèn kongsia milu yuda | wong Prêsman lawan wong Agris | pasthine kalamun gêmpal | ganjaran isun ing benjing | angur silih wak mami | ngilangna reyal karuwun | dadia opah-opah | mring wong Prêsman la[83] wong Agris | suwadne pêparinge sri narendra |[84]|
29. wong Agris wus kinèn ngundang | tan asuwe nulya prapti | ing ngayunanira amral | tuwan amral muwus aris | wong Prêsman lan wong Agris | timbalane sang aprabu | sira atulung yuda | sang nata tarima kasih | apan sira pinaringan kalih lêksa ||
30. nanging sira kinèn lunga | têka nagari ing ngriki | wong Agris alon saurnya | parau kawula gusis | kadamêl angusungi | dagangan kabêkta mantuk | amral alon angucap | ya isun kang agawani | palyanisun satu sun wènghkên[85] mri sira ||
31. palya sampun tinampanan | wong Agris Prêsman wus pamit | samya anumpak ing palya | wus layar nêngah jaladri | waune dèn uncêgi |
--- [f. 371v] ---
dening Wêlănda wus butul | sarêng prapta ing têngah | palya kèrêm kêbêk warih | samya pêjah wong Agris lawan wong Prêsman ||
32. suka manahira amral | warnanên sri narapati | budhal saking Pakalongan | mêdal laut sri bupati | garwa lan para gusti | sadaya pan têksih kantun | watên ing Pangasalan | warnanên sri narapati | wus alayar sadaya para pugawa ||
33. asri layar tiningalan | baita awarni-warni | lir paksi kêrdha rêratyan | gumêrah syaraning jalmi | tinon awarni-warni | ing samodra kadi mêndhung | ing laut tan winarna | lampahe sri narapati | pangarsane wus ngranjing anèng muara ||
34. amral sampun amiyarsa | yèn rawuh sri narapati | lan Dipati Măndaraka | Wăngsadipa miyarsèki | wadya Japara nênggih | sadaya amêpêk suguh | Kumpêni wus siyaga | arsa mêthuk mring nrêpati | ajajari anèng pigiring muara ||
35. wus mêntas sri naranata | muwah wadya agêng alit | ya ta wau sri narendra | cinandhak astane ririh | dening amral agipih | dyan migah taratag agung | urmate abrondongan | mariyêm awanti-wanti | awor lawan syaraning tambur gumêrah ||
36. Wêlănda alêlimbungan | agarêbêg ing nrêpati | amral lumampah ing dharat | anindhihi ikang baris | ya ta sri narapati | wus rawuh ing alun-alun | dalême Wăngsadipa | wau kang dèn pasanggrahi | wadyabala ing alun-alun agêlar [a...]
--- [f. 372r] ---
[...gêlar] ||
37. samya marêk mring sang nata | sagung niyaka Kumpêni | muwah kang para dipatya | sadaya samya tur bêkti | ngandika sri bupati | marang Ki Wăngsadipa rum | nèng ngêndi musuhira | Wăngdipa awotsari |[86] mêngsah dalêm gusti anglarod mangetan ||
38. lakung suka sri narendra | ya ta kawarnaa malih | ing Têmpalong Mêrtajaya | sampun umarak sang aji | wadya Dêmak kinêrig | miwah sagêgamanipun | wus prapta ing Japara | lajêng umarêk nêrpati | Mêrtajaya sampun prapta wijil pisan ||
91. Mijil
[Trunajaya jumeneng narpati ing Kadhiri.[87]]
1. kawarnaa wau sri bupati | apan sampun miyos | sinewaka wadyabala andhèr | Mêrtajaya majêng awotsari | kagyat sri bupati | angandika arum ||
2. Mêrtajaya sira iku prapti | isun atêtakon | kayaparan ing Dêmak wartane | Mêrtajaya matur awotsari | mêngsah dalêm gusti | igih sampun kondur ||
3. lakung tusthanira sri bupati | mèsêm ngandika lon | pirsakêna wadyanisun kabèh | Si Mêrtajaya sun patêdhani | ing Dêmak nagari | namaa Tumênggung ||
4. Ki Tumênggung Suranata nênggih | dèn katêla[88] kang wong |[89] padha sira ngastokêna kabèh | lan Si Wăngsadipa sun arani | nama Adipati | Mêrtapura iku ||
5. sagung pugawa sami ngastrèni | karsane sang katong | ya ta ikang kawuwusa malèh | Ki Mangkuyuda Kêdhu wus prapti | seba mring nrêpati | dèn iring wadya gung ||
6. kalih èwu
--- [f. 372v] ---
wong Kêdhu kang ngiring | pan samya nom-anom | sri narendra kalakung tusthane | aningali mring Makuyudèki | sigêgên sang aji | gênti kang winuwus ||
7. Trunajaya kang madêg narpati | wus ayod[90] arondhon | wong bang wetan suyud sadayane | Prabu Trunajaya wus angalih | saking Surabanggi | Kadhiri winangun ||
8. kang tinuduh anèng Surawèsthi | prajurit samya tos | wong Madura têngga tampingane | wong Makasar Bugis nèng Kadhiri | sawadyane rèki | tan pisah akumpul ||
9. apan ingambil mantu pribadi | Sang Raja Galesong | nênggih ikang tinarimakake | Radèn Ayu Sang Rêtna kang nami | warnanya yu luwih | putrane pambayun ||
10. Raja Galesong sinung wêwangi | nama Prabu Anom | pan misuwur wong Kadhiri kabèh | Prabu Trunajaya kang winarni | pan miyos ing enjing | sineba wadya gung ||
11. Darmayuda kang muguh ing ngarsi | Pasuruhan kang wong | pan kinarya gêdhig manggalane | asisih lawan Makuyudèki | wong măncanêgari | Darmayuda sinung ||
12. Makuyuda sinungan pasisir | samya kinarya wong | gulang-gulang myang gêgasingane | Dulangmangap miwah Talangpati | wong Anjayèngwèsthi | wong Andakalawung ||
13. Prabu Madurêtna ing Kadhiri | Trunajaya knyang[91] wong |[92] mapan sampun midhangêt kabare | lamun wau Pangran Adipati | Anom ing Matawis | wus umadêg ratu ||
14. Darmayuda nêmbah matur aris | anuwun [anuwu...]
--- [f. 373r] ---
[...n] Sang Katong | gih Pangeran Dipati wartine | yèn misuwur èstu watên Têgil | saking drêsing warti | wontên ing Japantun ||
15. ing Japantên gènnya nata baris | pasisir bang kulon | sampun pêpêk sarta gêgamane | lan malih mawi bala Kumpêni | saking ing Batawi | gunge wolung atus ||
16. Bugis Makasar kalawan Bali | sèwu cacahing wong | miwah Ambon Sêmbawa Tarnete | warna-warna wong sabrang kang prapti | wong Siyêm lan Parsi | Jahor lan Lumayu ||
17. têtindhihe kang bala Kumpeni | pun amral punang wong | Hèlduwèlbèh nênggih kêkasihe | wadya Makasar ikang nindhihi | apan pun Krèng Bugis | Mandhadhrang namèku ||
18. pun Karaèng Naba kang satugil | prasamya tos-atos | Raja Galesong ika kadange | asuwita ing rajèng Matawis | nugil ing Kumpêni | benjang karsa magut ||
19. Darmaryuda[93] rampung aturnèki | sira Raja Glesong | amiyarsa kumêbêng[94] waspane | emut lamun kadange sayêkti | milalyèng Bêtawi | Karaèng Nabèku ||
20. Prabu Trunajaya ngandika ris | awuwuha uwong | tanah sabrang dèn kêriga kabèh | pira bobote wong Marabumi | wuwuha rong kêthi | datan ulap tèngsun ||
21. Darmayuda umatur wotsari | alêrês sang katong | tiyang ngumbara pasthine kacèk | amba benjang ananggulang jurit | mêngsah wong Kumpêni | miwah wong Lumayu ||
22. adhi Makuyuda ngong bubuhi | ngarêpna wong Ambon | atanapi Sêmbawa Tarnete | Makuyuda sumaur abêngis | tandhinga sakêthi | tan gumisir
--- [f. 373v] ---
tèngsun ||
23. apan lajêng drawina salatri | gumêrah punang wong | tan winarna wau ing polahe | ikang pagunêman nèng Kadhiri | kawuwusa malih | sang natèng Matarum ||
24. sinewaka ing para bupati | wau sang akatong | miwah Tuwan Amral Hèlduwèlbèh | Ănggajaya lan Ănggawangsèki | matur mring nrêpati | yèn sanake nusul ||
25. igih saking Surapriga gusti | ngandika sang katong | timbalana sun tanggap tuture | Trunajaya kaya pa kang warti | tan adangu prapti | kang ngandikan wau ||
26. ya ta angandika sri bupati | dèn prak ngarsaningong | Surabaya kapa[95] wartane |[96] kang tinanya matur awotsari | nagri Surabanggi | gusti sampun suwung ||
27. Trunajaya watên ing Kadhiri | gènipun ngadhaton | kang tinilar ing Suraprigane | pun Madura Dhangdhangwacanèki | lan pun Wangsaprani | têtindhihing kewuh ||
28. Trunajaya sampun mirsa warti | yèn paduka katong | karsa tindak saha bala kabèh | magut ing prang dhatêng Surabanggi | lan wadya Kumpêni | muwah ing Matarum ||
29. Darmayuda ikang anagahi[97] | atandhing lan Ambon | tiyang Lumajêng kalih Trênete | punapa malih wadya Kumpêni | Darmayuda gusti | nênggih kang sumanggup ||
30. ya ta mèsêm wau sri bupati | angandika alon | marang Tuwan Amral Hèlduwèlbèh | hèh sun angrungu Si Glesong nênggih | kadange nèng ngriki | Kraèng Naba iku ||
31. Amral Hèlduwèlbèh sigra angling | mring Ki Naba alon [alo...]
--- [f. 374r] ---
[...n] | apa sira nyata yèn kadange | lawan Si Galesong iku nênggih | Kraèng Naba nênggih | kasmaran mirsèku ||
92. Asmaradana
[Prajurit Mataram kabiyantu Kumpeni lumurug dhateng bang wétan, badhé perang mengsah wadya Madura saha Makasar.[98]]
1. angandika sri bupati | sun pundhut Karaèng Naba | sun duta marang kadange | lan maninge awasêna | gamane Trunajaya | Amral Hèlduwèlbèh matur | kawula gusti sumăngga ||
2. Kraèng Naba dèn timbali | prapta ngarsane sang nata | sri narendra ngandika lon | hèh Naba sira sun duta | miyanga ing bang wetan | têtêmua lan kadangmu | lan awasna Trunajaya ||
3. dening sira sun kanthèni | wong isun kang luwih guna | Si Mêrtagati arane | lan bisa basa limalas | lan maninge ta sira | kanthia wong surèng kewuh | tur bupati karo pisan ||
4. Si Mêrtapura sirèki | kalawan Si Mêrtalaya | padha milua karone | nanging padha anglugasa | Kraèng Naba tur sêmbah | gusti lêbura wak isun | anglampahi karya tuwan ||
5. datan gumisir ing pati | pêjah gêsange pun Naba | kagêngan dalêm sang katong | mugi ta gusti asala | igih bêrkat paduka | pan tuwan narendra luhung | amangku rat tanah Jawa ||
6. sarêng gènnya awotsari | wong sakawan sarêng mangkat | Mirmagati pangarêpe | kalawan Karaèng Naba | dene Ki Mêrtapura | pan agawa jambenipun | wong roro lan Mêrtalaya ||
7. jambene Ki Mirmagati | wau kang sami ambêkta | pan sampun lêpas lampahe | ing siyang dalu lumampah | ing marga tan winarna | praptèng pabarisan agung | wetan [we...]
--- [f. 374v] ---
[...tan] lèpèn palabuhan ||
8. pan katuju lampahnèki | watên Makasar lêledhang | êmbane Raja Galesong | panggih lan Karaèng Naba | êmban sigra tur sêmbah | adhuh nyawa gustinisun | datan adipe kawula ||
9. abasa gusti pinênging | anêmbah datan sinukan | padha cara sanak bae | payo isun atêrêna | mring gone gustinira | saksana wau tut pukur | sampun praptèng pasanggrahan ||
10. kapanggih lawan kang rayi | Raja Galesong karuna | Kraèng Naba muwus alon | wus adhi sira mênênga | payo sira luguha | Raja Glesong sêgruk-sênggruk[99] | ngusapi luh sarya lênggah ||
11. Galesong lingira aris | dhuh kakang batên anyana | kula upados lamine | wontên pundi dika kakang | sumaur Kraèng Naba | asawita yayi tèngsun | maring Sang Raja Mataram ||
12. pan isun ingutus yayi | anêmoni marang sira | gustinisun timbalane | iya sang rajèng Mataram | Naba sira têmua | lan Galesong sadulurmu | iku pulutên dènira ||
13. mila tan banjêl tumuli | angantèni lakuniwang | gustinisun pangemane | aja kongsi têmah yuda | isun kalawan sira | Raja Galesong amuwus | dhuh kakang sokur kawula ||
14. nanging kawula ing mangkin | gih kakang kadi punapa | kawula tilara balos[100] | pan awon-awoning jalma | igih pun Trunajaya | pan akathah pênêdipun | ing benjang têngahing yuda ||
15. kula amuk saking wuri | tumut ing rajèng Mataram | sampun kakang pindho
--- [f. 375r] ---
gawe | kang raka alon angucap | iya yayi dèn yitna | dèn bisa angumpêt laku | aja kongsi kamanusan ||
16. Ki Mêrtalaya anênggih | kalawan Ki Mêrtapura | katiga Mirmagatine | nèng wurine Kraèng Naba | Raja Glesong tumingal | sadangunira andulu | dèn lirik sarwi pocapan ||
17. Galesong têtanya aris | kakang ing wuri andika | kang roro sitên jênênge | lan tumut tiyang punapa | igih kakang punika | dening sami bagus-bagus | sêmune prawirèng yuda ||
18. Ki Naba mèsêm nauri | jênênge Ki Mirgatya |[101] kang padha gawa jambene | Galesong gumuyu suka | sarwi micarèng nala | prajurite wong Matarum | pasthi iki alah iya ||
19. wong Mataram bêcik-bêcik | sawang-sawung ing sarira | ngadua kaprawirane | kaya nora bisa kalah | amusuh wong Madura | tan kawarna solahipun | lamine nèng pamondhokan ||
20. nanging sadina sawêngi | wus matêng ing jangjinira | ya ta warnanên enjange | Kraèng Naba wus pamitan | miwah Ki Mirmagatya | sapraptanira lêlurung | ana wong Madura wikan ||
21. apan sampun dèn barisi | anèng wetan palabuhan | sarêng wong sakawan katon | prajurit Sampang nêrajang | apan sarwi asurak | wong sakawan samya rêmbug | ing kewuh sarêng palastra ||
22. prasamya adadan gipih | Ki Mirmagati sêmana |
--- [f. 375v] ---
nulya cinandhak lambunge | marang sira Kraèng Naba | pan binêkta malompat | praptèng sabrang kilèn sampun | Mirmagati Kraèng Naba ||
23. palabuhan nuju banjir | ambane nêmlikur cêngkal | kang kari sabrang wong roro | Mêrtalaya Mêrtapura | ikang ngêpung mèh numbak | sarêng gènnya cicing wau | wong kalih sarêng malompat ||
24. samya prapta kilèn kali | wong sakawan sarêng mangkat | wong Sampang sadaya gawok | sami ajoblong[102] kewala | warnanên lampahira | datan kawarna ing ênu | sampun prapta ing Japara ||
25. lajêng umarak sang aji | sarêng prapta ing ngayunan | sri narendra ngandika lon | hèh padha salamêt sira | kapat sarêng manêmbah | wong sakawan sarêng matur | pan asal sawab narendra ||
26. matur sasolahe nguni | Kraèng Naba atur sêmbah | abdi dalêm pun Galesong | ing benjang têmpuhing yuda | angamuk saking wutat | lakung tustha sang aprabu | miyarsa aturing duta ||
27. sri narendra animbali | mring Tumênggung Suranata | kinèn agitika[103] age | wong Sampang kang anèng Rêmbang | miwah kang anèng Tuban | wong Dêmak budhal gumuruh | gêgamane warna-warna ||
28. wêwolu kadangirèki | Ki Tumênggung Suranata | samya têngran dhewe-dhewe | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Rêmbang | sêmana pan sampun campuh | wong Dêmak angamuk [a...]
--- [f. 376r] ---
[...ngamuk] rampak ||
29. wong Madura samya ngisis | lumayu ngumpul mring Tuban | pan dèn asuk[104] saparane | pangamuke bala Dêmak | kadya buta mêmangsa | pan ing Tuban wus kagêpuk | dening wadyabala Dêmak ||
30. kandhêg Sidayu abaris | wong Madura amalatar | wadya Dêmak mundur kabèh | mantuk marang ing Japara | gêntia kang winarna | Tumênggung Mêrtalayèku | praptane saking Mêmênang ||
31. apan ta sampun alami | pan nora aseba-seba | apan mêngkana ujare | yèn isun dulu wong Sampang | saparipolahneka | ing ngêndi gone katêmu | tra usah ngago Wêlănda ||
32. isun dhewe apan wani | amusuh Si Trunajaya | angrupêka jajahane | ing ngêndi gone ayuda | isun lan Trunajaya | sanadyan êndhasa sèwu | wong Sampang isun tan ulap ||
33. isun sagup ngobrak-abrik | ing dhangkane Sampang pisan | sapuluh-puluh sang katong | datan ngago aturiwang | kudu gugu Wêlănda | wong ngalap upah dèn gugu | kêna kêmate si kopar ||
34. datan arsa seba mami | nadyan silih dinukana | pra sêntana matur kabèh | dhuh anggèr sampun mêngkana | panduka wong ngawula | ing sakarsa-karsanipun | gusti tinurut kewala ||
35. dipun angraos yèn abdi | paduka pinutra-putra | sang nata kalakung sihe | para bupati sadaya | sitên kados paduka |
--- [f. 376v] ---
pan pinutra-putra danu | abêkuh Ki Mêrtalaya ||
36. warnanên wadya Kumpêni | pan sampun miyarsa warta | yèn Ki Mêrtalaya mirong | asêngit marang Wêlănda | tan arsa asebaa | niyaka kumpul |[105] wus iyêg ikang bicara ||
37. Kumpêni rêmbagirèki | arsa amutung kang lampah | yèn tan dhinahar ature | ing sirnane Mêrtalaya | Amral saupsirira | samya umarak ing dalu | mring pondhoke Mandaraka ||
38. pan sarya abêkta tulis | gya katur ing Mandaraka | adipati napa alon | hèh tuwan punapa karya | dening gati kang lampah | Amral Hèlduwèlbèh muwus | surat iki tingalana ||
39. Măndaraka sampun dugi | tuwan andika pulanga | nanging ta kula pikire | lan kănca-kănca manira | sagung para niyaka | Amral Hèlduwèlbèh mundur | pracaya ing Măndaraka ||
40. sampunnya agunêm pikir | lan sagung para niyaka | Măndaraka mring kadhaton | ngujukkên ature amral | èmêng sri naranata | wêkasan ngandika arum | sang nata mring Mandaraka ||
41. sira rêmbuga dèn bêcik | kalawan sakancanira | Si Dipati Urawane | miwah Si Wirawidigda | lawan Si Sindurêja | Si Binorong[106] ayya kantun | miwah Si Anrangkusuma ||
42. Măndaraka matur aris | pan abdi dalêm sadaya | sumăngga karsa sang katong | sang nata alon ngandika | lah iya timbalana | Si Mêrtalaya dèn gupuh |
--- [f. 377r] ---
dèn samun aja na wikan ||
43. Si Mêrtalaya yèn prapti | dèn bêcik sira taria | yèn wani dhingini gawe | anglagar Si Trunajaya | bêngi sira angkatna | yèn mangkat lokêna iku | yèn marod Si Mêrtalaya ||
44. prapta kang kinèn nimbali | umatur sarya manêmbah | pun Mêrtalaya amagok[107] | asakit pawadanira | sang nata angandika | kaya priye wataramu | apa têmên laraa |[108]|
45. utusan matur wotsari | gusti wêtawis kawula | kados pawadan kêmawon | sang nata kalakung duka | nimbali Martapura | sapraptanira ing ngayun | sang nata asru ngandika ||
46. hèh Mêrtapura dèn aglis | untapna Si Mêrtalaya | kang kinèn tur sêmbah lèngsèr | Ki Dipati Martapura | mangkat sarowangira | datan kawarna ing ênu | sapraptanira ing jaba ||
47. Ki Mêrtalaya winarni | apan ta sampun miyarsa | yèn dinukan mring sang katong | sagung kang mantri lêlurah | kang sami tinimbalan | lurah sura rakêt wolu | rongatus panêkarira ||
48. prapta sagêgamannèki | baris pêndhêm pamondhokan | Ki Mêrtalaya dhuwunge | Ki Kasur pan wastanira | apan sampun dèn liga | sor kalasa ênggènipun | tinindhihan sarwi lênggah ||
49. sarya kêmul dadot kuning | kawarnaa Mêrtapura | mèh prapta wau lampahe | dhuwunge Ki Jakatuwa | ikang badhe kinarya | sapraptanira lumêbu | lajêng tumamèng mandhapa ||
50. sarêng gènnya aningali | Mêrtalaya Mêrtapura | Ki Mêrtapura wuwuse | anak tampia timbalan | pangandikaning nata | manira
--- [f. 377v] ---
dikakkên mundhut | pati urip pêkênira ||
51. Ki Mêrtalaya nauri | igih sumăngga ing karsa | punapa kang dipun antos | sigra anarik curiga | Dipati Martapura | Ki Mêrtalaya sinuduk | têrus lambunge kang kiwa ||
52. Mêrtalaya malês aglis | ginoco Ki Mêrtapura | apan sarêng pêjah uwor | wong Têgal Kagyat tumingal | yèn gustine palastra | wong satus sarêng angamuk | marang wadya Mêrtapuran ||
53. wong Japara anadhahi | arame ulêng-ulêngan | ya ta watên ikang nyapèh | mantri panuwa ing Têgal | ikang lêpas budinya | angampah mring kancanipun | samya mundur wong ing Têgal ||
54. sampun katur mring nrêpati | Mêrtalaya sampun pêjah | asal bela mati uwor | kalihan pun Mêrtapura | kagyat sri naranata | ing manah kalakung ngungun | pinuwung karsaning Sukma ||
55. ya ta wau sri bupati | enjang miyos sinewaka | pêpêk kang pugawa andhèr | miwah kang para satriya | jêjêl ing panangkilan | kang mugèng ngarsa sang prabu | Adipati Mandaraka ||
56. Dipati Urawan nangkil | miwah Arya Sindurêja | Wirawidigda jajare | Rahadèn Anrangkusuma | sampun mugèng ngayunan | kalawan wau Tumênggung | Binarong mugèng ngayunan ||
57. sang nata ngandika aris | hèh Mandaraka Si Wijah | iku sun jujung ligihe | iya ing Pathi nêgara | sun ganjarakên Si Wijah |[109] lawan namaa Tumênggung | Mangunonêng ing Santênan ||
58. kalawan Si Jayapati | anake Si Mêrtapura | iku kang
--- [f. 378r] ---
sun gêntèkake | aligiha ing Japara | lan isun ganjar nama | iya jênênga Tumênggung | Sujanapura Jêpara ||
59. anadene ing Têtêgil | kadange Si Mêrtalaya | kang anom sun gêntèkake | Si Ngabèi Agrayuda | sarta sun ganjar nama | iya jênênga Tumênggung | Rêksanêgara ing Têgal ||
60. sang nata ngandika aris | Mandaraka undhangana | ya sakèhing wadyaningong | yèn isun ing dina Soma | budhal têkèng Japara | iya uwis mangsanipun | agitik Si Trunajaya ||
61. hèh amral ta sira iki | dhingina mêtu lautan | dene kang sun kanthèkake | si paman Anrangkusuma | karo Si Ănggawangsa | katêlu Ănggajayèku | sun tuduh milu si amral ||
62. sira kang sun pitayani | dadia karta wêdana | si amral lamun dudune | sira ikang ngundurêna | măngsa bodhoa sira | pakèwuhe ing dalagung | apan sira kang wus wikan ||
63. sira anjoga Garêsik | Madura sira ungaka | barise pulo Mêngare | banjura mring Surabaya | isun mêtu dharatan | têkèng Tuban sun mangidul | anjog Kadhiri kewala ||
64. wus rampung prentah nrêpati | amral sampun têtabean | lèsèr saking ngarsa katong | bupati samya tur sêmbah | kang tumut dhatêng amral | budhal syarane gumuruh | ing lautan kadi gêrah ||
65. kawarnaa sri bupati | sampun anêmbang têngara | gumêr syarane punang wong | kang sami nata gêgaman | barise pra dipatya | jêjêl anèng alun-alun | gandera awarna-warna ||
--- [f. 378v] ---
66. gêgaman dinulu asri | saega dahana sêkar | lir sêkar sataman abyor | lir pendah binusanan |[110] nêgari ing Japara | ya ta wau sang aprabu | sampun angrasuk busana ||
67. sadaya jimat Matawis | sampun winangking sadaya | Kyai Gundhil wus ingage | miwah dhuwung Ki Balabar | sampun mugèng wakingan[111] | muwah waos Kyai Baru | ingampil tan kêna têbah ||
68. wus miyos sri narapati | budhal gêgaman pangarsa | kang minăngka panganjure | Ki Tumênggung Suranata | Dêmak Suragakara[112] | kang mugèng ing wikingipun | Rêksanêgara ing Têgal ||
69. gêgamanira pan asri | têtilare ikang raka | rongatus sura rakête | sami ukiran kancana | kuning kêkawêngira | sadaya lêlurahipun | samya anyothe carapang ||
70. satus kang wadya Kumpêni | kang tinilar dening amral | kang rumêksa sang akatong | kêkalih pagêdhenira | Pilham kalawan Juspral | agarêbêg sang aprabu | tambure munya brang-brangan ||
71. kumitir gumyuring ati | Kya Dipati Mandaraka | kang pamêkas wuri dhewe | wus prapta Kudus nêgara | arsa ngujung sang nata | utusan mring Ngadilangu | animbali panêmbahan ||
72. lumampah ikang tinuding | Pangalasan kalih mintar | agêgancangan lampahe | datan kawarna ing marga | duta kalih wus prapta | padhêkahan Ngadilangu | wus panggih lan panêmbahan ||
73. panêmbahan dèn aturi | amagok-magok pinêksa | apan sangêt wêwêlinge [wêwêling...]
--- [f. 379r] ---
[...e] | putra tuwan sri narendra | Pangeran Adipraja | wus kering ing duta wau | prapta ing Kudus nêgara ||
74. wus panggih lawan nêrpati | Panêmbahan Adipraja | sang nata ngandika alon | paman andika rojonga | igih lampah kawula | pasthi wontên kaotipun | yèn paman tumut tumindak ||
75. datan suwala ing kapti | Panêmbahan Adipraja | ya ta warnanên lampahe | saking ing Kudus wus budhal | gumêr syaraning bala | saega laron abubrul[113] | tan pêgêt[114] kang anèng wutat ||
93. Pangkur
[Wadya Madura kaliyan Makasar kawon jurit. Kraèng Galésong dipunperjaya déning utusanipun Trunajaya. Adipati Mandaraka séda.[115]]
1. sigêgên sri naranata | kawarnaa wau wadya Kumpêni | kang mêdal ing sagara gung | Radèn Anrangkusuma | Ănggajaya Ănggawangsa apan kumpul | nugil kapal lawan amral | kang wadya anitih kèci ||
2. anèng lautan winarna | lampahira kang palya asal angin | katon ujunging Sidayu | palya têksih lumarap | ujung ing Madura kang sêdya jinujug | pulo Mêngare wus prapta | kang palya samya angranjing ||
3. sampun mêntas ing dharatan | uluk-uluk wau wadya Kumpêni | mriyêm syarane jumêgur | kagyat wong ing Madura | wong pamigir apuyêngan gègèripun | pangrasane wong madura | ing nagri kinêpung dhingin ||
4. pan kacatur tigang dina | anèng pulo Mêngarei[116] wong Kumpêni |[117] kawarnaa sampun laju | layar mring Surabaya | tan kawarna ing marga pan sampun rawuh | jajahaning Surabaya [Sura...]
--- [f. 379v] ---
[...baya] | ing Ngampèl kang dèn barisi ||
5. kang têngga ing Surabaya | wong Madura Ki Dhangdhangwacanèki | pan sampun ngaturi wêruh | ing Prabu Trunajaya | binantonan Ki Galesong kang tinuduh | lan Tumênggung Darmayuda | wus prapta ing Surabagi ||
6. mariyêm pan bênaktanan[118] | kang binakta wau Nyai Satomi | jarahan saking Matarum | kinarya mag yuda |[119] amalatar wong Madura barisipun | akathah măncanêgara | wadya Mêkasar nindhihi ||
7. kawarnaa Ănggajaya | Ănggawangsa sanake samya prapti | apan kathah asêsuguh | pan sarwi asung warta | lamun Nyai Satomi binêkta mêthuk | mriyêm bêrkata[120] Mataram | kinarya mapag ing jurit ||
8. Ănggajaya Ănggawasa[121] | sigra marak ing Radyan Nrangkusuma glis |[122] angaturakên kang suguh | lajêng panggih lan amral | lakung suka amral dènira andulu | mring sanake Ănggajaya | Ănggawangsa samya prapti ||
9. lajêng samya pagunêman | kang cinatur amung Nyai Satomi | dening wasiyat Matarum | ginawe mapag yuda | Ănggajaya alon dènira umatur | mring Radèn Anrangkusuma | miwah amral sinung warti ||
10. yèn arsa kesah andhustha | mring barise mêngsah ing mangke bêngi | amral asuka gumuyu | lah iya pandungana | tan kawarna sêmana pan sampun surup | Ănggawangsa sampun mangkat | tanpa rowang lampah
--- [f. 380r] ---
maling ||
11. wus prapta barisanira | wong Madura nuju ing têngah wêngi | amasang sêsirêpipun | wong Sampang sami nendra | Ănggawangsa ajujug barisan agung | Nyai Satomi punika | ikang arsa dèn malingi ||
12. kapanggih pajok[123] lor wetan | wong Madura akathah kang akêmit | ngraksa obat mimisipun | linangkahan kewala | kang akêmit sadaya sami aturu | sawiji tan ana wikan | bêdhil ingangkat pribadi ||
13. wus mundur Ki Ănggawăngsa | sarwi mikul wau Nyai Satomi | prapta pamondhokanipun | wayah bangun raina | wus panggih lan Radèn Nrangkusumèku |[124] lajêng panggih lawan amral | samya gêtun tan sipi |[125]|
14. andulu Ki Ănggawangsa | sira amral gèbèg-gèbèg sarya ngling | lêbih kuwat sira iku | Radèn Anrangkusuma | sigra têdhak Kumpêni nulya anambur | gumêrah ing pasanggrahan | samya arsa ngantêp jurit ||
15. nuju wayah bêdhug tiga | mêdal saking pondhok sarya ngling aris | kinèn masang mriyêmipun | kongak baris Madura | wolu sisih mariyêm sinulêd sampun | lir pendah Marapi bêntar | syarane agêgêtêri[126] ||
16. gègèr barising wong Sampang | apuyêngan samya katiban mimis | datan kobêr kumarutug | sigra nêmbang têngara | êmêtoni[127] wong Madura sêdyanipun | miwah sira Darmayuda | apan arsa amêtoni ||
--- [f. 380v] ---
17. sumahab tandanging wadya | datan kobêr wau anata baris | saking drêse mimis rawuh | ya ta Ki Ănggawangsa | anêrombol angobongi pondhokipun | wong Madura bilulungan | bingung tanbuh kang dèn usi ||
18. angidul palayunira | datan watên tahan katiban mimis | wong Pasuruhan lumayu | Tumênggung Darmayuda | kaesisan wong ing Pasuruhan larut | barise wong Surabaya | sêdya ngusi ing Kadhiri ||
19. Raja Galesong nèng wutat | palayune apan mandhêg anolih | Ki Darmayuda pan laju | Galesong kawarnaa | panggih lawan Pangeran Tamampêl[128] wau | Pangeran Tumampêl mojar | maring Galesong aririh ||
20. hèh adhi lamun sêmbada | dawêg adhi nunggal kalawan mami | ngawula natèng Matarum | Galesong alon mojar | igih kakang ing benjang kawula nusul | warnanên Ki Darmayuda | praptèng nêgara Kadhiri ||
21. matur maring Trunajaya | ngaturakên tiwas asor kang jurit | Darmayuda awêwadul | mila kasor kang yuda | putra tuwan prabu anom rangu-rangu | gusti watawis kawula | pun Galesong malih kapti ||
22. duka Prabu Trunajaya | Ki Galesong wau kinèn nimbali | Raja Galesong kapêthuk | lan duta anèng marga | duta mojar panduka ngandikan gupuh | dhatêng rama jêngandika | Raja Galesong wus kering ||
23. prapta ngarsane kang rama | Prabu Trunajaya ngandika aris | lah bagea anak isun |
--- [f. 381r] ---
sigra Ki Trunajaya | marang kubon pêpukuran pêrnahipun | lan Tumênggung Darmayuda | Raja Galesong tut wuri ||
24. sapraptane pêpukuran | rinakitan Galesong dipun patèni |[129] jisime binuwang sumur | anulya ingurugan | wong Makasar sawiji tan ana wêruh | kang para dhaèng sadaya | tan watên miyarsa warti ||
25. sigêgên Ki Trunajaya | kawarnaa wau sri narapati | samarga-marga prang cucuh | kalawan wong Madura | mila rêmbên lampahira sang aprabu | dening ta pêpatihira | nèng margi anandhang sakit ||
26. Ki Dipati Măndaraka | sakitira sangsaya angranuhi | kawarnaa seda sampun | lakung ngungun sang nata | sampun prapta jajahan Kadhiri wau | sang nata wus masanggrahan | ing Sikal gènnya abaris ||
27. ya ta wau kawarnaa | wontên ajar i gunung Kêlut anênggih |[130] apêparab Tejalaku | cantrike kawan dasa | arsa mapag ing yudane sang aprabu | têdhak saking ing andaka[131] | dèn iring ing para cantrik ||
28. samya angagêm tarantang | sampun prapta ingiring kang abaris | nuju pamondhokanipun | Kya Dipati Urawan | ting barêkik para cantrik samya ngamuk | lir cèlèng rêbutan wana | kagyat kang samya ningali ||
29. wadyabala Korawanan | wus angumpul prasamya anadhahi | campuhira kumarumpung | cantrik pating jalêmpah | tinumbakan sawiji tan ana timbul | samya rêbah ting galobrah | tan watên tawa ing wêsi ||
30. mung kari Ki Tejalampah [Tejala...]
--- [f. 381v] ---
[...mpah] | malangkadhak binêdhil datan kêni | katur maring sang aprabu | yèn watên ajar salah | Ardi Kêlut punika pinangkanipun | sri narendra angandika | ing mêngko ana ing ngêndi ||
31. isun arsa apanggiha | apan iku sêdyane saking ardi | arêp têtêmu lan isun | lumaku isun ruwat | sri narendra wus angasta Kyai Baru | ki ajar dyan pinaranan | dening wau sri bupati ||
32. wus parêk ayun-ayunan | lan sang nata Tejalaku marani | kalakung ta sukanipun | pan sarwi latah-latah | syri[132] narendra gya mangsahkên Kyai Baru | ki ajar kêna jajanya | niba nulya angêmasi ||
33. nanging jisimira musna | pan gêgêtun sadaya ikang ningali |[133] sri naranata wus kondur | praptanya pasanggrahan | animbali satriya pugawa agung | Ki Urawan Sindurêja | Wirawidigda tan kari ||
34. karsane sri naranata | animbali amral mring Surabagi | kang dinuta nêmbah mundur | saking ing ngarsa nata | lampahira kang caraka siang dalu | datan kawarna ing marga | duta prapta Surabagi ||
35. wus panggih kalawan amral | miwah Radèn Anrangkusuma panggih | kang duta dhawuhkên wuwus | amral dika ngandikan | saha wadya pêkênira ayyantun |[134] miwah wadya Nrangkusuman | radèn panduka kang ngirid ||
36. Ănggajaya Ănggawangsa | apan samya ngandikan sri bupati | mung karia para umbul | ikang atêngga kitha |
--- [f. 382r] ---
gya têngara amral tambure gamrudug | têngara Anrangkasuman[135] | bêndhenya asru tinitir ||
37. budhal saking Surabaya | pan gumêrah syarane kang lumaris | yèn tinon lir mega mêndhung | gandera warna-warna | wong Kanêrangkusuman lumakyèng ngayun | gêgamane abra sinang | saking nêgara umijil ||
94. Mijil
[Radèn Anrangkusuma dados patih Mataram anggentosi adipati Mandaraka. Prajurit Mataram kabiyantu kumpeni tata-tata badhé perang mengsah wadya Trunajaya.[136]]
1. apan sampun dukap ing wanadri | lampahnya agalong | datan won kalingan lampahe |[137] sampun prapta ing Japan nêgari | gancang lampahnèki | Wirasaba rawuh ||
2. wus kapêthuk ing utusan aji | gandhèk mantri anom | angegalakên igih lampahe | tan kawarna ing marga wus prapta |[138] jajahan Kadhiri | pabarisan rawuh ||
3. lajêng asowan marang sang aji | amral matur alon | mêngsah dalêm wus kesor[139] jurite | wangsul saking nagri Surabanggi | angêmbal mariki | akathah kang lampus ||
4. kagêngan dalêm Nyai Satomi | sanjata kinaot | igih dipun pandungi kenginge | dhatêng pun Ănggawasa ing latri | pinikul pribadi | duk pabêktanipun ||
5. lakung thustanira sri bupati | ya ta ngandika lon | mila sira sun pagil[140] marene | musuh ngalumpuk anèng Kadhiri | lan pêpatih mami | Mandaraka lampus ||
6. dene ikang sun kon anggêntèni | amral karsaningong | paman Anrangkusuma sun gawe | anguyunana wong nusa Jawi | amral angastrèni | kalakung [kala...]
--- [f. 382v] ---
[...kung] jumurung ||
7. lan Si Ănggawangsa karsa mami | sun jujung punang wong | Surabaya sun patêdhakake | lan sun alihakên jênêngnèki | Jangrana Ngabèi | amral pan jumurung ||
8. anadene Si Ănggajayèki | maksiha anèng jro | apan besuk isun pêrnahake | kunêng solahira sri bupati | kawuwusa nênggih | Ki Trunajayèku ||
9. apan sampun ingaturan uning | yèn rawuh sang katong | saha balane Sikal barise | miwah ikang saking Surabanggi | amral sampun prapti | anunggil sang prabu ||
10. lakung rakit tatane kang baris | tan kêna cinarok | Prabu Trunajaya lon dêlinge | maring Darmayuda kang sinung ling | undhangana aglis | pra prawiranisun ||
11. lamun isun arsa mapag jurit | sagung wadyaningong | sun pra têlu besuk ing jurite | Si Mangkuyuda nindhihi kering | kanan kang nindhihi | Darmayuda besuk ||
12. pilihana wong kang bêcik-bêcik | kang patut atagon[141] | wong Mêkasar kiwakna barise | pêrnahêna ing ngarsa pribadi | yèn nolih ajurit | sasogên[142] sing pukur ||
13. dene ikang sun pangku pribadi | wong Sampang nom-anom | pitung atus sêsêliran kabèh | lan sun wuwuhi wong Talangpati | satus bêcik-bêcik | lan wong Danalawung ||
14. Talangpati lan wong Danapati | sun sèlèh wuringong | atulunga yèn sayah kancane | wong Trunalanang milua ngarsi | ajajara jurit [juri...]
--- [f. 383r] ---
[...t] | lan wong Trunalawung ||
15. wong Surarancap milua ngarsi | kancane dèn galong | Surasirap nèng wuri ênggone | ajajara wong Trunatankokih | bocah Anrangwèsthi | lan Trunatankondur ||
16. Gulang-gulang sun gawe sawiwi | nèng ngiringan ingong | Dulangmangap dadia sisihe | wong Brajamuka milua ngarsi | wong Andêrbapati | milua nèng pukur ||
17. sigêgên ika angreka wèsthi | wuwusên sang katong | pan siniwi ing wadyanirandhèr | angandika wau sri bupati | mring sagung dipati | dèn prayitnèng kewuh ||
18. isun arsa umangsah ing jurit | besuk Rêspati Pon | pra dipatya atur sêmbah kabèh | sri narendra angandika malih | undangên tumuli | si amral dèn gupuh ||
19. sigra ngandikan amral wus prapti | ngarsane sang katong | wusnya tabe sang prabu dêlinge | lah amral payo amagut jurit | pinêcah tumuli | ing Kadhiri iku ||
20. amral umatur suwawi gusti | ayuda ingêtog | sri narendra nêmbang têngarane | gumêr syarane wong nata baris | kang wadya Kumpêni | atêngara tambur ||
21. awor syarane gong lawan bèri | ngukung bêndhenya wor | piniyarsa gumêrah syarane | para niyaka wus nata baris | tan kêna winilis | andhêndhêng lir mêndhung ||
22. kang minăngka pangawat ing kering | wong pasisir kulon | wong Mataram kang dadya kanane | ikang mugèng dhadha wong Kumpêni | tandange apipit | tan sumêdya mundur ||
95. Durma
[Prajurit Mataram kabiyantu kumpeni perang mengsah wadya Trunajaya. Trunajaya kawon lajeng mlajar dhateng redi Ngantang.[143]]
1. kawarnaa sira Prabu Trunajaya | sampun [sa...]
--- [f. 383v] ---
[...mpun] nêmbang têngari | kang wadya sumahab | gêgaman warna-warna | tataning baris wus dadi | muntab malatar | anèng wetan bênawi ||
2. Trunajaya angadhangkrang pinayungan | kinubêng ing prajurit | wadya sêsêliran | pinangku mugèng ngarsa | sèwu dhomas cacahnèki | busana abra | angagêm waos jigring ||
3. kapurancak mamas binawang atalwa | wanèh ponthang bang kuning | ponthang lima aglar | puput lan tumpêr ingas | sopale êmas waradin | lamun sinawang | kadya prawata sari ||
4. Prabu Amangkurat kang wadyabala balabar |[144] anèng kilèn bênawi | wus ayun-ayunan | amral matur ing nata | yèn suwawi sri bupati | dipun sasaka | igih lèpèn puniki ||
5. lakung wiyar datan kêna cinacaba | lêbêt kêras kang warih | sang nata ngandika | mring sagunging pugawa | akaryaa sasak aglis | payo dèn egal | tumandang wong pasisir ||
6. Trunajaya sampun ngaturan uninga | yèn wadyane nrêpati | samya karya sasak | suka Ki Trunajaya | sigra dènnya marêpêki | saha balanya | satêpining bênawi ||
7. Prabu Trunajaya asru sumbar-sumbar | hèh payo wong Matawis | dudu wong prawira | aprang ngantèni sasak | nora padha lawan mami | ratu digdaya | têdhak Jaran Panolih ||
8. pucukane wong Mataram yèn lêgia | nadyan bokote[145] dhingin | asêpa kewala | măngsa endah apelag | ratu têdhaking wong tani | angur macula | bari angona sapi ||
9. pirabara
--- [f. 384r] ---
yèn padha lan Trunajaya | bèbèt Jaran Panolih | pan ratu kasusra | lah payo wong Mataram | dèn padha angusi pati | sri naranata | sampun ngaturan uning ||
10. lamun Trunajaya asru sumbar-sumbar | wontên têpi banawi | lakung dukanira | jaja bang lir rinêngga | kumêjot padoning lathi | nitih turăngga | karsa ngawaki jurit ||
11. Kyai Baru sampun ingagêm ing asta | kudane dèn camêthi | sagung pra pugawa | samya gendholi kuda | umatur sarwi anangis | samya nyangkulak | kandhali dèn cêkêli ||
12. adhuh gusti panduka sampun ayuda | yèn têksih pra dipati | benjang ngawakana | yèn abdi sampun têlas | lilih wau sri bupati | asru ngandika | padha maguta jurit ||
13. atur sêmbah sagunge para dipatya | samya nitih turanggi | anindhihi bala | Tumênggung Suranata | bêngawan dipun gêbyuri | sasêntananya | samya ambyur ing warih ||
14. pan binedrong[146] ing bêdhil dening wong Sampang | nanging mêksa anglangi | ya ta balanya mral | bêrondong saking wutat | arang tutug mimisnèki | tiba ing têngah | olih batur pribadi ||
15. Ki Tumênggung Suranata wangsul mêntas | amral kang dèn parani | cinandhak astanya | Suranata sru ngucap | pêgene sira bêdhili | têka ing wutat | olih batur pribadi ||
16. angur sira dadia musuha sisan | yya tagung sun kêmbari | amral arêrêpa | sun mentak apun[147] tuwan | manira datan udani | yèn [yè...]
--- [f. 384v] ---
[...n] olih rowang | musuh sêdya sun bêdhil ||
17. Suranata sampun sira nitih kuda | wangsul ambyur tumuli | saha balanira | nanging tan bisa mêntas | sagunging para dipati | ambyur sadaya | kuda samya anglangi ||
18. Kyai Bicak tinêmbang munya angakang | wus ngagêm Kyai Gundhil | anyamêthi kuda | sang nata ambyur sigra | kali plabuhan manyaking[148] | dadak sakala | kêni dipun sabrangi ||
19. palabuhan asate ilang rong duman | dadya toyanya kêdhik | pan kêna cinacab | têkan pêpikul nyabrang | sadaya wadya Kumpêni | samya anabrang | gumrah syaraning jalmi ||
20. pra dipatya sampun umêntas sadaya | wong Sampang anadhahi | akuwêl kewala | Tumênggung Suranata | pangamuke alyir bêlis | numbak amêdhang | anuduk angakahi ||
21. ngamuk rampak para dipati sadaya | wadya Sampang nadhahi | pêngkuh yudanira | ya ta Sang Kraèng Naba | sakumpênine dèn irid | mingêr angiwa | anglambung saking kering ||
22. sêntananya Galesong Dhaèng Marewa | lawan Dhaèng Makinci | awas dènnya mulat | dulu Karaèng Naba | sadulure gustinèki | dadya lumajar | mawut tan măngga pulih ||
23. sampun risak tatane baris Madura | ingamuk pra dipati | miwah wong Wêlondah[149] | tan agop pambêdhilnya | wong Sampang dipun êdrèli | tan ana tahan | miwah măncanêgari ||
24. Prabu Trunajaya angawaki yuda | sakèhe wong sinêlir | miwah pra sêntana |
--- [f. 385r] ---
tuwin pugawanira | samya ngamuk galong pipis | pan katadhahan | dening wadya Kumpêni ||
25. syaraning kang sênjata lir gêlap ngampar | awor bêndhe gong bèri | myang pangriking kuda | awor tambur Wêlănda | lan pangadhuhing wong kanin | syara gumêrah | lir udan sinêmèni ||
26. Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Mandura | angamuk ngobat-abit | kang katrajang bubar | pan sampun katadhahan | dening kang para dipati | Ki Mangkuyuda | ing Kêdhu kang nadhahi ||
27. Mangkuyuda ing Kêdhu angêmbat watang | sigra amarêpêki | Mangkuyuda Sampang | tinumbak jajanira | têrus walikating rèki | sampun palastra | Dhangdhangwêcana aglis ||
28. atêtulung apan sampun katadhahan | mring anakira kalih | Kêdhu Mangkuyuda | Ki Lêmbu lan Ki Buwang | kinarocok wong kêkalih | Dhangdhangwêcana | pan sampun angêmasi ||
29. bubar larut barise wong ing Madura | miwah măncanêgari | malêdug sang-srangan[150] | datan măngga puliha | ngusi jro kitha Kadhiri | Ki Trunajaya | sampun ainêb kori ||
30. Mangkuyuda ing Kêdhu pan sampun prapta | anèng jabaning kori | anulya dhinupak | lawang kori malêsat | ajur mumur bobrak-babrik | Ki Darmayuda | wau kang têngga kori ||
31. ngêmbat watang Mangkuyuda wus jumangkah | Darmayuda nadhahi | dyan tumbak-tinumbak | lawan Ki Mangkuyuda | jroning kori jawi kori | pan sarêng pasah | barêng gènnya ngêmasi ||
32. Mangkuyuda mati sajabaning lawang | Darmayuda ngêmasi | anèng jroning lawang | ya ta
--- [f. 385v] ---
sagung dipatya | sadaya manjing jro kori | miwah Wêlănda | samya malêbèng kori ||
33. Trunajaya lalos saanak rabinya | angidul ngetan nênggih | marang Gunung Ngantang | sêdyane Trunajaya | wadyanira winatawis | wong sêsêliran | rongatus kang angiring ||
34. kawarnaa Jêng Sinuhun Amêngkurat | sampun ngaturan uning | yèn Ki Mangkuyuda | sampyuh lan Darmayuda | lakung ngungun sri bupati | kunarpanira | pan sampun dèn bêciki ||
35. lawan Trunajaya sampun katur kesah | ngidul ngetan mring Ardi | Ngantang kang sinêdya | sang nata lakung tustha | sigra umanjing kitha glis | saha balanya | praptane sêkalani[151] ||
36. jalma sirna angrasani wani ika |[152] bêdhahe ing Kadhiri | ya ta sri narendra | sawadya anèng kitha | miwah kang wadya Kumpêni | anèng jro kitha | tuwin wadya pasisir ||
37. pan rong dina gènnya masanggrahan kitha | enjing budhal sang aji | jujul Trunajaya | gumêr syaraning wadya | datan kawarna ing margi | prapta ing Payak | masanggrahan sang aji ||
38. anèng Payak sri narendra nata bala | dikakkên ngêpung ardi | apan Trunajaya | amêpên anèng arga | sela samya dèn cacangi[153] | yèn ingigahan | tinatas agulungi ||
39. gênging sela sagênuk wanèh salumpang | ana kang sakurambil | têkan sêpêtira | wanèh sagênthong ika | datan kêna dèn ugahi | pan mung satugal | marga dhinandhanggêndhis ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.393. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: muntir brêngos sarwi nrajang asêsumbar (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.2.1). (kembali) |
3 | pêtêng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.393, Pupuh 84.10.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 93.9.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 43.7.1). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: kathahên lawan. Bandingkan: karoban lawan (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 152.26.6). (kembali) |
5 | angangsêg (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.394, Pupuh 84.20.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.12.1). (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing Jagatamu ênggone bêbarisan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.25.1); ing Jagatamu ênggène bêbarisan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.22.1); Jagatamu ênggonira bêbarisan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.32.1). (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lawan Ki Gunturgêni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.29.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.26.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.36.2); lan Kyai Gunturgêni (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 106.27.2). (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ing Jagatamu gègère apuyêngan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.35.1); Jagatamu gègèrira apuyêngan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.42.1). (kembali) |
9 | anglêlanangi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.46.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.39.5; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.33.5). (kembali) |
10 | banthèng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.396, Pupuh 84.48.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.41.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.35.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.48.7). (kembali) |
11 | risak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.397, Pupuh 84.55.7). (kembali) |
12 | ngêmbul (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: akêmbul (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.42.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.48.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.55.1). (kembali) |
13 | tinêmbang. (kembali) |
14 | Bandingkan: sigra nêmbang têngara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.54.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.61.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.48.4). (kembali) |
15 | balêbêr (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.49.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.62.1). (kembali) |
16 | sami (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.397, Pupuh 84.63.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.55.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.49.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.62.2). (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pangran dipati lagi amit mring rama (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.58.1); Pangran Adipati lagyamit ing rama (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.65.1); pangran dipati lagi amit ing rama (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.52.1). (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus siyaga sadandananing ayuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.62.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.56.1). (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: waos agêm wus mijil (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.62.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.69.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.56.2). (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pangran dipati wus angrasuk busana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.63.1); ya pangeran dipati ngrasuk busana (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.57.1); Pangran Adipati wus ngrasuk busana (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.70.1). (kembali) |
21 | lapis (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.398, Pupuh 84.71.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 96.63.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 46.57.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 17.70.4). (kembali) |
22 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.399. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Mangunnêgara ika kang munggèng ngayun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 97.5.5); Kyai Mangunnêgara lumampah ngayun (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 154.4.5); sira Mangunnagara kang munggèng ngayun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.5.5); Kyai Mangunnagara kang munggwing ngayun (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 47.4.5). (kembali) |
24 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Jêng Pangeran Kajoran ngadêg baris (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.7.2); ing Kajoran samana ngadêg baris (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 47.6.2); ing Kajoran sampun umadêg baris (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 154.6.2). (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan dinuga-duga nagari Matarum (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.8.5). (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: panêmbahan lan Ki Mangunyudèki (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.9.2). (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus adandan sêdya tumut ing gusti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 97.10.2); wus arakit sami sowan ing gusti (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 154.9.2); wus adandan samya tumut ing gusti (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 47.9.2); sêdyanira arsa labuh ing gusti (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.11.2). (kembali) |
28 | pitungkas (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.400, Pupuh 85.17.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.17.4). (kembali) |
29 | Mangkuyuda (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.400, Pupuh 85.18.2). (kembali) |
30 | cêre. (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Panêmbahan Rama lolos ing wêngi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 154.19.2); lamun Panêmbahan gya lolos wêngi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.19.2); yèn panêmbahan alolos sing wêngi (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 47.19.2). (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Kajoran binêkta mring Matawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 97.21.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 47.20.2); wong Kajoran binakta mring Matawis (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.20.2); myang jarahan binêkta mring Mêntawis (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 154.20.2). (kembali) |
33 | Bandingkan: satu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 97.27.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 47.26.2); èstu (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 18.22.2). (kembali) |
34 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.403. (kembali) |
35 | Măndhalika (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.403, Pupuh 86.3.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.2.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.3.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.3.3). (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: para prawira prajurit ing Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.21.1); pra prawira prajurite wong Mêntaram (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 156.24.1); pra prawira prajurite wong Mataram (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.22.1). (kembali) |
37 | sakapraboning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.405, Pupuh 86.27.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.28.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 156.28.7). (kembali) |
38 | Tanggal: Akad (Ngahad) wolulas (18) Sapar Be: sirna ilang rasane ikang bumi (AJ 1600). Tanggal Masehi: Kamis 22 April 1677. Pada bulan Sapar tahun AJ 1600, hari Ngahad jatuh pada tanggal 7 (Ngahad Wage), 14 (Ngahad Lêgi), 21 (Ngahad Pon), dan 28 (Ngahad Kliwon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 7, 14, 21, atau 28 Sapar Be AJ 1600 (11, 18, 25 April, atau 2 Mei 1677). Lihat juga: Akad 18 Sapar Be: sirna ilang rasaning bumi (AJ 1600) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.34.6–7); Ngahat 8 Sapar Be: sirna ilang rasaning bumi (AJ 1600) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.31.6–7); Akat 18 Sapar Be: sirna ilang rasane ingkang bumi (AJ 1600) (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.33.6–7). (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: ilang oraa sok aja ilang sira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.39.1); ilang siji sok sira iki misiha (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.36.1); ilang ora sok ijih ya biyangira (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.38.1). (kembali) |
40 | anggo (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.405, Pupuh 86.38.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.38.3). Bandingkan: ênggo (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.39.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.36.3). (kembali) |
41 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lir grah syaraning tangis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.406, Pupuh 86.42.2); lwir grah swaraning tangis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.43.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.42.2). (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: ilang oraa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.43.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.42.6). (kembali) |
43 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: puri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.406, Pupuh 86.46.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.42.7). (kembali) |
44 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Dhangdhangwacana kang kinèn anusula (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.50.1); Kyai Dhandhangwacana kinèn nusula (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.45.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.49.1). (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Prabu Mataram kalawan para putra (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.53.1); Sang Aprabu Mataram lan para putra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.48.1); sri narendra putra garwa kang lumampah (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.52.1). (kembali) |
46 | Bagawanta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.407, Pupuh 86.52.3). Bandingkan: Bagawănta (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.53.3); Pragawănta (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.48.3); Pagawata (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.52.3). (kembali) |
47 | kadhungsangan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.407, Pupuh 86.53.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 98.54.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 19.49.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 48.53.1). (kembali) |
48 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.1. (kembali) |
49 | sarêng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.1, Pupuh 87.5.9). (kembali) |
50 | Lebih dua suku kata: sarêng mirsa ngandikanya. (kembali) |
51 | nangis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.2, Pupuh 87.8.2). (kembali) |
52 | pêpungun. Bandingkan: agêtun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 110.2.9); gêgêtun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 20.9.9). (kembali) |
53 | Tumênggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.4, Pupuh 87.31.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 110.9.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 20.17.9). (kembali) |
54 | kitha (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.4, Pupuh 87.36.9). (kembali) |
55 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.6. (kembali) |
56 | anggêgendholi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.7, Pupuh 88.11.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 100.4.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.11.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 50.4.9). (kembali) |
57 | angge (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.8, Pupuh 88.24.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.24.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 111.24.3). (kembali) |
58 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: jurit (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.8, Pupuh 88.26.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.26.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 111.26.5). (kembali) |
59 | Pranantaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.9, Pupuh 88.32.3). (kembali) |
60 | têngari. Bandingkan: têngara (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.34.5). (kembali) |
61 | Kadhangkrang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 111.39.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.39.1). (kembali) |
62 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: amarêngi ing dintên Jumungah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 21.41.2); apan nuju ing malêm Jumungah (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 111.41.2). (kembali) |
63 | prêtinggine (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.10, Pupuh 88.43.3). (kembali) |
64 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.12. (kembali) |
65 | Lebih satu suku kata: gih punika warni busana adi. Bandingkan: inggih katur dhatêng paduka aji (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 112.2.2); kaatura ing kangjêng paduka ji (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 22.2.2). (kembali) |
66 | jendral (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.12, Pupuh 89.2.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 22.2.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 112.2.24). (kembali) |
67 | kapitan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.12, Pupuh 89.4.6). (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: tugil wolu sareyan nêmblas gusti. (kembali) |
69 | Kadhangkrang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 22.5.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 112.5.7). (kembali) |
70 | laknat. (kembali) |
71 | Bandingkan: aran mulat nak kopar (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.13, Pupuh 89.12.4); aranmu lanat kopar (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 22.10.4) (kembali) |
72 | Lebih satu suku kata: hèh Ki Arya Măndraka kadipundi. (kembali) |
73 | Lebih satu suku kata: Dhangdhrang Naba ngadêg ana ing wuri. (kembali) |
74 | dening (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.13, Pupuh 89.18.3). Bandingkan: dene (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 112.19.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 22.19.3). (kembali) |
75 | Urawan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.14, Pupuh 89.22.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 22.23.5). Bandingkan: Ngurawan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 112.23.5). (kembali) |
76 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.15. (kembali) |
77 | mring (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.15, Pupuh 90.7.9). (kembali) |
78 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: pan sampun samya anumpak (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.15.3); anulya numpak ing palwa (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 113.15.3). (kembali) |
79 | Măndraka. Bandingkan: Măndaraka (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.24.1). (kembali) |
80 | Bandingkan: Prasman (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.26.4). (kembali) |
81 | Anggris (dan di tempat lain) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 113.26.4). Bandingkan: Inggris (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.26.4). (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: masthinipun wong Inggris ingajak yuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.27.9); pêsthi lamun wong Anggris ingajak yuda (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 113.27.9). (kembali) |
83 | lan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., 2.17, Pupuh 90.28.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 113.28.8). (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sun awatne pêparinge sri narendra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.28.9); sun awadne pêparinge sri nalendra (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 113.28.9). (kembali) |
85 | wèhkên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.17, Pupuh 90.30.9). (kembali) |
86 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Wăngsadipa awotsari (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.18, Pupuh 90.37.8); Ki Wăngsadipa wotsari (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 23.36.8); Wăngsadipa matur bêkti (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 113.37.8). (kembali) |
87 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.19. (kembali) |
88 | katêlah. (kembali) |
89 | Bandingkan: iku paring ingong (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.4.2); pêparingan ingong (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 114.4.2). (kembali) |
90 | oyod (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.7.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 114.7.2). (kembali) |
91 | kang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 114.13.2). Bandingkan: kya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.20, Pupuh 91.13.2). (kembali) |
92 | Bandingkan: Trunajaya Katong (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.13.1); Madurêtna kang wong (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 114.13.2). (kembali) |
93 | Darmayuda (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.20, Pupuh 91.19.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 114.19.1). Bandingkan: Drêmayuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.19.1). (kembali) |
94 | kumêmbêng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.20, Pupuh 91.19.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.19.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 114.19.3). (kembali) |
95 | kayapa (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.26.3); kaya pa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.20, Pupuh 91.26.3). (kembali) |
96 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Surabaya kayapa wartane (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.26.3); Surabaya paran ing warnane (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 114.26.3). (kembali) |
97 | anyagahi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.21, Pupuh 91.29.1). Bandingkan: anaguhi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 24.29.1); ananggupi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 114.29.1). (kembali) |
98 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.22. (kembali) |
99 | sênggruk-sênggruk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.22, Pupuh 92.10.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.10.6). (kembali) |
100 | bolos (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.23, Pupuh 92.14.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.14.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 115.14.3). (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jênênge Ki Mirmagatya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.23, Pupuh 92.18.2); bature Ki Mirmagatya (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.18.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 115.18.2). (kembali) |
102 | anjomblong (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.2.4, Pupuh 92.24.4). (kembali) |
103 | anggitika (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.24, Pupuh 92.27.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 115.27.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.27.3). (kembali) |
104 | êsuk. (kembali) |
105 | Kurang tiga suku kata. Bandingkan: niyaka Kumpêni kumpul (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 115.36.6); nayaka Kumpêni kumpul (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.35.6). (kembali) |
106 | Binarong (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.40.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 115.41.6). (kembali) |
107 | amogok (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.25, Pupuh 92.44.3). Bandingkan: mogok (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.43.3). (kembali) |
108 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: apa ta nyata yèn lara (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.43.7); apa nyata lamun lara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 115.44.7). (kembali) |
109 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sun wèhakên Si Wija (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.56.5). (kembali) |
110 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: anglir pendah binusanan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.65.4); alir pendah binusanan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 115.65.4). (kembali) |
111 | wangkingan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.27, Pupuh 92.67.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.66.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 115.66.5). (kembali) |
112 | Bandingkan: Suranggakara (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.27, Pupuh 92.68.5); Surănggakara (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.67.5). (kembali) |
113 | ambrubul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.27, Pupuh 92.75.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.74.6). (kembali) |
114 | pêgat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.27, Pupuh 92.75.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 25.74.7). (kembali) |
115 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.28. (kembali) |
116 | Mêngare (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.28, Pupuh 93.4.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.4.2). Bandingkan: Mangare (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.4.2). (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: anèng pulo Mêngare wong Kumpêni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.28, Pupuh 93.4.2); anèng pulo Mangare wong Kumpêni (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.4.2); anèng pulo Mêngare wong Kumpêni (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.4.2). (kembali) |
118 | binêktanan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.6.1). (kembali) |
119 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kinarya mapag yuda (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.2.8, Pupuh 93.6.4); kinarya mapak yuda (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.6.4); kinarya mêthuk yuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.6.4). (kembali) |
120 | bêrkatan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.28, Pupuh 93.7.6). (kembali) |
121 | Ănggawangsa (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.28, Pupuh 93.8.1). Bandingkan: Ănggawăngsa (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.8.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.8.1). (kembali) |
122 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sigra marêk Radèn Nrangkusumèki (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.8.2); sigra marêk mring Dyan Nrangkusuma glis (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.8.2). (kembali) |
123 | pojok (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.29, Pupuh 93.12.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.12.1). (kembali) |
124 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus panggih lan Rahadèn Nrangkusumèku (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.13.5). (kembali) |
125 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samya gêgêtun tan sipi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.13.7); samya gêgêtun kapati (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.13.7). (kembali) |
126 | anggêgêtêri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.29, Pupuh 93.15.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.15.7). (kembali) |
127 | Terdapat dobel sandangan: êmêtoni atau êmotoni. Bandingkan: amêtoni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.29, Pupuh 93.16.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.16.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.16.5). (kembali) |
128 | Tumampêl (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.19.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.19.5). (kembali) |
129 | Lebih satu suku kata: Bandingkan: rinakitan Galèngsong dèn patèni (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.24.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.24.2). (kembali) |
130 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wontên ajar ing Gunung Kêlut nênggih (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.27.2); wontên ajar ing Gunung Kêlud nênggih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.27.2). (kembali) |
131 | aldaka (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.27.6). (kembali) |
132 | sri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.31, Pupuh 93.32.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.32.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 116.32.5). (kembali) |
133 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pan gêgêtun sadaya kang ningali (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.33.2). (kembali) |
134 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: saha wadya sampun wontên ingkang kantun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 26.35.5). (kembali) |
135 | Anrangkusuman. (kembali) |
136 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.32. (kembali) |
137 | Kurang satu suku kata: datan wontên kalingan lampahe. Bandingkan: datan wontên kaliru prênahe (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.1.3); datan ana kaliru prênahe (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 117.1.3). (kembali) |
138 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: prapti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.32, Pupuh 94.2.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.2.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 117.2.4). (kembali) |
139 | kasor (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.32, Pupuh 94.3.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.3.3). (kembali) |
140 | panggil (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.32, Pupuh 94.5.3). Bandingkan: undang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.5.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 117.5.3). (kembali) |
141 | atanggon (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.33, Pupuh 94.12.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 117.12.2). Bandingkan: tanggon (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.12.2). (kembali) |
142 | sosogên (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 27.12.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 117.12.6). (kembali) |
143 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.34. (kembali) |
144 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: Sang Aprabu Mangkurat wadyanya blabar (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.4.1). (kembali) |
145 | bongkote (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.8.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 171.16.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 118.8.2). Bandingkan: bobote (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.34, Pupuh 95.8.2). (kembali) |
146 | binendrong (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.35, Pupuh 95.14.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.14.1). (kembali) |
147 | ampun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.16.4). (kembali) |
148 | manyangking (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 118.19.5). Bandingkan: mênyangking (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.19.5). (kembali) |
149 | Wêlanda (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.35, Pupuh 95.23.3). Bandingkan: Wêlănda (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 118.24.3); Walănda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.24.3). (kembali) |
150 | sarsaran (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.30.3). Bandingkan: sasaran (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 118.30.3). (kembali) |
151 | sêngkalani (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.36, Pupuh 95.35.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 118.37.7). Bandingkan: sangkalani (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.37.7). (kembali) |
152 | Tanggal: jalma sirna angrasani wani (AJ 1601). Tahun AJ 1601 jatuh antara tanggal Masehi: 23 Februari 1678 sampai dengan 11 Februari 1679. Lihat juga: Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 118.38.1; janma sirna obahe ingkang buwana (AJ 1601) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.38.1). (kembali) |
153 | cancangi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.36, Pupuh 95.38.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 28.40.5). Bandingkan: cangcangi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 118.40.5). (kembali) |