Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 096–108)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 385v lanjutan] ---
96. Dhandhanggula
[Trunajaya asrah tobat dhumateng sunan Mengkurat, sareng sampun sowan lajeng dipunperjaya.[1]]
1. kawarnaa wau sri bupati | sinewaka anèng pasanggrahan | pra niyaka pêpêk andhèr |
--- [f. 386r] ---
Radèn Nrangkusumèku | Radèn Arya Sindurja nênggih | Ki Dipati Urawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Ki Binorong Mangunonêng jajarnèki | Tumênggung Suranata ||
2. Ki Tumênggung Jangrana nèng ngarsi | para upêsir mugèng ngayunan | miwah Amral Hèlduwèlbèh | ngandika sang aprabu | maring amral mundhut Kumpêni | anaa sabragada | arsa isun utus | abêbujung[2] wong Makasar | kang makuwon i Gunung Sêmpora iki | aran Dhaèng Marewa ||
3. Busung Mêrnung lan Dhaèng Makinci | muwêr anèng ing Gunung Sêmpora | ikang ngirida lakune | Jangrana kang sun tuduh | Pasuruhan sun kon nanduri | iya Si Ănggajaya | arana Tumênggung | Ănggajaya Pasuruhan | sira Amral Hèlduwèlbèh anjurungi | ing karsa sri narendra ||
4. sri narendra angandika aris | ampirana adhi Cakraningrat | anèng Lodhaya ênggone | konên seba maringsun | Ki Jangrana sigra wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lan sabalanipun | lan Wêlănda sabragada | tan winarna ing marga lampahira glis | prapta ngalas Lodheya[3] ||
5. kawarnaa kang dipun sakiti | Cakraningrat nèng alas Lodhaya | Trunajaya pênggawene | puniku pamanipun | mila datan kolu matèni | marmanya pinilara | nèng têngah wana gung | sêdyane Ki Trunajaya | ikang paman matia pinangan bêlis | nanging karsaning Sukma ||
6. Cakraningrat [Cakraningra...]
--- [f. 386v] ---
[...t] pan maksih basuki | nèng Lodhaya sampun amiyarsa | Trunajaya kaburune | pangran dipati rawuh | ing Kadhiri wus madêg aji | sira Ki Cakraningrat | asrêp manahipun | angrasa kalamun gêsang | wus adadan lan sarayatira sami | arsa seba mring Payak ||
7. enjing mangkat lan saanak rabi | Cakraningrat lakung kawlasarsa | lir wong rèrèna lampahe | sêmana duk kapêthuk | gêgamane wong Surawèsthi | kagyat ing tyas mu[4] maras | mulat gaman agung | anêrka yèn Trunajaya | dangu mandhêg nulya mulat ing Walandi | sigra laju lumampah ||
8. lan Tumênggung Jangrana gya panggih | Cakraningrat rinangkul sêksana | adhuh kakang sokur bage | kapapag ing dalagung | lan kawula kapasang yogi | dika kang ngandikan |[5] dening jêng sang prabu | masanggrahan anèng Payak | Cakraningrat sandika aturnya gipih | nulya ukur-ukuran ||
9. laju lampahe Jangrana aglis | nulya prapta nagri Pasuruhan | nêngna Jangrana lampahe | gêntia kang winuwus | wong Makasar midhangêt warti | yèn badhe dipun langgar | mudhun saking gunung | sarewangnya gêgancangan | kang sinêdya nabrang dhatêng nagri Bali | sakèh wadya Mêkasar ||
10. sapraptane pasisir wus ngambil | palya lajêng anabrang samodra | nahan Jangrana lampahe | wong Pasuruhan suyud | datan ana sawalèng kapti | marang Ki Ănggajaya | kalakung sêsugun | Jangrana tumulya bubar | saking nagri Pasuruhan sawadyaning | kawarna Cakraningrat ||
--- [f. 387r] ---
11. sapraptane pakuwon nêrpati | risêdhêngnya sinewa ing wadya | kang prapta ngandikan age | Cakraningrat macundhuk | mangaras ing pada anangis | nata ris angandika | mênênga ja muhun | wus panggih padha waluya | nagrinira Madura sun wèhkên maning | ing mêngko tampanana ||
12. nanging sira sun wènèhi kardi | sira bujuka Si Trunajaya | ing Gunung Ngantang ênggone | Cakraningrat umatur | saha sêmbah sandika aji | têtiyang ing Mandura | wus akèh kang rawuh | tanapi sêntananira | Cakraningrat wus kathah ikang angiring | wong Sampang myang Mandura ||
13. nulya bubar saking ngarsa aji | nahan kawarna Ki Trunajaya | Srêngganicala ênggène | sagarwa putranipun | Trunajaya syamining uni | putri saking Mataram | kêkalih pan kantun | duk bêdhahirèng Mataram | putri kalih binayong kinarya rabi | mring Prabu Trunajaya ||
14. akêkasih Dèwi Klatingkuning | Klatingbiru wastane kang tuwa | kang sampun dados garwane | kang anom pinarugul | dahat sang dyah tan angladèni | pan pinalaur pêjah | tan arsa salulut | lan narendra Trunajaya | dening sampun kakangira dadi rabi- | ning Prabu Trunajaya ||
15. salaminira nèng pucak ngardi | para garwa lakung kawlasarsa | tan bêtah norana ngumbe | kawulawarganipun | akèh migat kalaning wêngi | tan bêtah nora mangan | dadya milanipun | wadya litira lorodan | sabên wêngi migat tumurun nukul ing | Dipati Cakraningrat ||
16. samya ngaturakên pati urip | tan atahan nèng srêngganing
--- [f. 387v] ---
arga | kinêpung wakul ngisore | dening wadya Matarum | myang pasisir măncanêgari | miwah bala Wêlănda | atugur sor gunung | sêmana Dyan Trunajaya | lagya sira ginubêl ing para rabi | putri saking Mataram ||
17. radèn ayu tan pêgat anangis | atanapi pra garwa sêdaya | amlasasih sêsambate | dening tan ana banyu | salamine nèng luhur ardi | wus kawan dasa dina | tan anginum banyu | dyan ayu matur ing raka | saha waspa paranta polah puniki | yèn awèt mêngkenea ||
18. sapa silih bisa anglakoni | nora ngumbe patang puluh dina | wong wadon pira kuwate | Trunajaya amuwus | antèkêna yayi mas dhingin | pirang bara ing benjang | wruh rasaning banyu | sêdyakêna apêrtapa | sun utusan ing mêngko bêngi mèt warih | radyan ayu lingira ||
19. paran margane bisa mèt warih | ngisor iki padha tinuguran | wong siji tan kêna mrèjèl | jêr dika wong kumênthus | nora ngago boboting urip | pêksa jumênêng nata | wrat Jawa winêngku | mangke ta kadi punapa | polah dika durakane anututi | wong musuh kadang tuwa ||
20. pae dhingin duk bêdhah Matawis | dika musuh wong liyan bêrayan | ing mêngko wus dadi ipe | apa baya tinêmu | mêmusuhan ing kakang aji | kang jamaking ajamak | darbe kadang sêpuh | yakti gêgêntine bapa | kang wong bênêr dununge sêmbah lan bêkti | gêgêntining mratuwa ||
21. Trunajaya lir kadya jinait | manahira tan kêna ngandika | têmah kumêbêng
--- [f. 388r] ---
waspane | ikang garwa rinangkul | dhuh abdine atadhah runtik | ing sang mindha puspita | sira kang sun rêbut | ing yuda takêr ludira | dasihêna pun Trunajaya mas gusti | tan lênggana ing karsa ||
22. misak-misak sang rêtna sarya ngling | lamun dika tan nuruti mring wang | kawularsa mudhun dhewe | marêk ing kakang prabu | nadyan silih manggiha pati | măngsa sun gumisira | yèn wus jangjinipun | igih watawis kawula | kakang prabu datan kolu amatèni | nadyan dhatêng andika ||
23. wus dilalah karsaning Yyang Widi | Trunajaya manahira gampang | marêngi praptèng jajine | anut ing garwanipun | Trunajaya lingira aris | dhuh mirah isun dewa | kang asih maring sun | gusti sira rumuhuna | umaraka ing kakangira dèn bakit | ngaturna pêjah gêsang ||
24. lan aturna gusti tobat mami | sira mangkata ing benjang enjang | yèn wis katur ing sang rajèng | dening sun nuli mudhun | ngaturakên pati lan urip | marang sri naranata | gantyaa winuwus | wontên wong Madura prapta | saking ngandhap mawi suratnya dipati | Cakraningrat kang paman ||
25. duta prapta srêngganing arga writ | lajêng tumamèng byantaranira | katur ing Trunajaya ge | tinampan suratipun | gya winaca sinukmèng ati | pèngêt bukaning surat | salam donganisun | Cakraningrat tumêkaa | nganak êmas sira ngandikan dèn aglis | ing Sang Prabu Mêngkurat ||
26. dening salahira ikang dhingin | kyèh kêdhike kabèh ingapura | isun kang nagung[6] dhèwèke | ing dukane sang prabu | maring sira amriha pati | iya manira [ma...]
--- [f. 388v] ---
[...nira] nyawa | alangêna besuk | anuwun ing umurira | yèn wis olih pikir mangsulana tulis | isun mapag ing sira ||
27. lakung sukaning sajroning ati | Trunajaya mirsa nglinging surat | kang manah lakung asrêpe | tan kawarna ing dalu | enjangira arsa lumaris | nanging ta ikang garwa | kang kinèn karuwun | sarêng dutane kang paman | radèn ayu wus têdhak saking arga writ | tandhu titihanira ||
28. wadya Mandura samya jajari | tumbak binang amung kawan dasa | tandhu tinedhengan cindhe | sakathahe kang ngêpung | kagyat mulat kang aningali | nanging samya anêrka | lamun radèn ayu | garwane Ki Trunajaya | pan punika arine sri narapati | samya tinon kewala ||
29. tan kawarna lampahirèng nguni | radèn ayu praptèng pasanggrahan | akathah wadya kang dhèrèk | katur dhatêng sang prabu | risêdhêngnya sinawèng[7] dasih | kagyat duk praptanira | kang rayi cumundhuk | angaras pada mangrêpa | mring kang raka sang rêtna lara anangis | sarya tur pêjah gêsang ||
30. angandika jêng sri narapati | wus mênênga babo ariniwang | dèn narima ing tetahe | wus karsane Yyang Agung | lêlakone wakira yayi | balikan sun atanya | mring sira rènisun | ana ngêndi lakinira | lan kapriye ujude marang ing kami | dyan ayu atur sêmbah ||
31. abdi dalêm maksih anèng wukir | kang ingantos timbalan panduka | lampah kawula wiyose | kinèn atur panungkul | atur tobat dhatêng nrêpati | sang nata angandika | ya tarima isun [isu...]
--- [f. 389r] ---
[...n] | hèh wong Gandhèk lumakua | marang adhi Cakraningrat konên aglis | mapag ing Trunajaya ||
32. duta nêmbah lèsèr sing ngarsa ji | Cakraningrat sampun dhinawuhan | lan Suranata kanthine | tan kawarna ing ênu | lampahira sang adipati | prapta desa ing Ngantang | lajo maring luhur | utusannya Cakraningrat | wus apanggih lan Trunajaya tumuli | ingaturan tumêdhak ||
33. sigra budhal têdhak saking wukir | Trunajaya bêkta bêbongkokan | ginotong mugèng ngarsane | watawis pitung puluh | wadyanira ikang umiring | sadaya barundhulan | praptèng ngisor gunung | ingawe dhatêng kang paman | Trunajaya gêpah angaras padaning | kang paman Cakraningrat ||
34. gya rinangkul ing Sang Adipati | Cakraningrat alon angandika | babo anak isun radèn | sira seba ing ratu | dening mêntas wawan ing jurit | bêcik mawi pratăndha | iya putranisun | katonna têmênanira | Cakraningrat wadyanira dèn kêjèpi | anyêkêl Trunajaya ||
35. Trunajaya tan suwalèng kapti | pan sumăngga karsane kang paman | măngsa amriha dudune | Cakraningrat amuwus | putranisun aja kuwatir | kapanggiha pun bapa | dukane sang prabu | binănda cindhe puspita | Trunajaya nulya binêkta lumaris | budhal sing desa Ngantang ||
36. kawarnaa jêng sri narapati | ikang anèng pasanggrahan Payak | lagya sineba wadyane | mugèng têtarub agung | pêpêk andhèr pratiwa nangkil | prajurit lan satriya | Kumpêni supênuh | upêsir para kapitan [kapi...]
--- [f. 389v] ---
[...tan] | miwah Amral Hèlduwèlbèh anèng kering | sang nata angandika ||
37. marang sêlir kinèn ngarih-arih | anungkulakên ing arènira | Dèn Ayu Trunajayane | binêkta dhatêng pukur | kawarnaa Sang Adipati | Cakraningrat wus prapta | jawi baris agung | kandhêg ngaturi uninga | ing sang nata yèn Trunajaya wus prapti | anèng jawi babêtan ||
38. lakung suka tyasira nrêpati | kinèn abaris prajuritira | sadaya samya ge-age | rakitan gurung-urung | agêgila kang lagya prapti | nulya glis ingandikan | Cakraningrat gupuh | malêbu ing pasanggrahan | Trunajaya osike sajroning ati | kaduwung polahira ||
39. prapta ngarsane sri narapati | lênggah tumukul Ki Trunajaya | lir kojêm siti mukane | têngara munya gupuh | gumarudug syaraning bêdhil | Kodhokngorèk angakang | mriyêm ting jalêgur | tambur munya abarungan | Trunajaya lir kadya binayangkari | anglês ing manahira ||
40. angandika jêng sri narapati | hèh bageya adhi Trunajaya | dèn kapara ngarsa kene | Trunajaya anuwun | saha sêmbah sumungkêm siti | nata malih ngandika | lan ubayanisun | adhi sira luwarana | iya isun nora duwe ujar kalih | ing mêngko tampanana ||
41. dene isun dhingin wus ajangji | lawan sira yèn arjaning lampah | sira jaba sun jêrone | rat Jawa sun tan wêruh | darma bae dadi nrêpati | sira kang duwènana |[8] bangbang alum-alum [alum-a...]
--- [f. 390r] ---
[...lum] | sun apasrah marang sira | adhi Trunajaya isun tan ngawruhi | măngsa bodhoa sira ||
42. Trunajaya sira tan atampi | sêmu dalêm wus ambal ping tiga | Trunajaya nuhun bae | Pangran Lamongan muwus | anambungi sêdda[9] nrêpati | hèh anak Trunajaya | pêgene sirèku | têka para tampanana | ngêndi ana satriya cidra ing jaji | kaya dudu prawira ||
43. Trunajaya sandika nuwun sih | sri narendra alon angandika | padha sêksènana kabèh | luware jangjinisun | adhi Trunajaya sun srahi | ngrat Jawa wus kalakyan | iku kaul isun | hèh ta adhi Trunajaya | kari siji kang durung isun luwari | duk isun anèng Têgal ||
44. isun adhi aduwe punagi | mêngko adhi sira luwarana | kêrisku Si Blabar kiye | alawas tan sumarung | iya nora isun sarungi | yèn durung anyarunga | adhi ing jajamu | sigra sang para dipatya | Trunajaya sinaosakên ing ngarsi | sang nata nulya têdhak ||
45. saking dhêdhampar amarêpêki | Trunajaya ginoco jajanya | anêrus ing walikate | ludiranya sumêmbur | ya ta wontên kapêdhak lami | aran Ki Ăntagopa | nututi anuduk | grahita sagung pugawa | sigra sagung bupati samya nuduki | ajur kuwandanira ||
46. Prabu Mêngkurat asru dènnya ngling | hèh sakèhe pra pugawaniwang | padha nguntala atine | sigra sami rinêbut | dening sagung para dipati | atine Trunajaya | kaduman nyawuku | mustakanya wus tinigas | nulya katur sinandhing tan kêna têbih | tansah sandhaping dhampar ||
47. ya ta wontên êmbane sawiji | wong Mandura agêng
--- [f. 390v] ---
tur adawa | Ki Sêtyagora wastane | kêdah abela lampus | wus binănda katur ing aji | dinangu ing sang nata | Sêtyagora wau | mring ngêndi eyang Kajoran | Sêtyagora umatur saha wotsari | kesah mring sunya sirna ||
48. Sêtyagora nulya dèn pêjahi | kawarnaa Jangrana kang prapta | miwah Ki Ănggajayane | ngandikan kalihipun | praptèng ngarsa sarêng ngabêkti | sang nata angandika | nusula anuduk | ing bathange Trunajaya | atur sêmbah sandika anarik kêris | Jangrana Ănggajaya ||
49. kunarpane sampun awor siti | cinacah-cacah dening Jangrana | tanapi Ănggajayane | karo wêwêdhak marus | suka ring tyasira nrêpati | kondur amasanggrahan | mustaka tan kantun | cinangking dening pawongan | mugèng ngarsa lan nata tan kêna têbih | binêktèng pasareyan ||
50. ya ta rinira sri narapati | Dyan Ayu Trunajaya miyarsa | kalara-lara tangise | dhuh lae kakang prabu | bok iyaa awlas ing kami | dening wus atur tobat | kongsi têkèng lampus | manira dèn ilokêna | sang juwita sêmana dipun sakiti | awlas ikang tumingal ||
51. dadya kèndêl tangisnya sang dèwi | arka wus nitih udayaning cala |[10] sri narendra mugah sare | mustaka dangtan[11] kantun | kinarya kêkèsèd padaning | singa-singa anendra | kêkèsèd puniku | ing sirahe Trunajaya | para sêlir miwah kang parêkan alit | tan kêna kaliwatan ||
52. tan kawarna solahirèng latri | mijil yyang arka sri naradipa | miyos sinawèng wadyane | angandika sang prabu | dhatêng lurahing [lurah...]
--- [f. 391r] ---
[...ing] para nyai | samya kinèn bêbêka | mustakane wau | Trunajaya jroning lumpang | ya ta sampun pra sêlir myang para nyai | ambêbêk kang mustaka ||
53. dangu sineba sri narapati | angandika mring sakèhing wadya | hèh padha pirsakna kabèh | sakyèh kawulanisun | yèn Si Lêmbu[12] Si Buwang iki | sun jujung têka ngandhap | sun sêngkakkên luhur | karo sun karya wêdana | wong Bumija Si Lêmbu Makuyudèki | Si Buwang Natayuda ||
54. sri narendra angandika malih | Nrangkusuma padha undhangana | isun arsa bubar mulèh | mring Surabaya ngujung | Radèn Anrangkusuma bêkti | gya Pangran Cakraningrat | anêmbah umatur | kawula atur jarahan | saking Ngantang brana kalawan pawèstri | kaatura ngasmara ||
97. Asmaradana
[Sinuhun Giri boten marengaken menawi sunan Mengkurat badhé nguwaosi tanah Jawi. Sihunun[13] Giri dipunsédani.[14]]
1. gya kondur sri narapati | manjing dalêm pasanggrahan | ing dalu dandan punang wong | enjangira kawarnaa | sigra nêmbang têngara | syaranya umyang gumuruh | kadya ombaking samodra ||
2. budhal sang sri narapati | saking pasanggrahan Payak | untabing wadya agalong | anglarug bala pangarsa | asri tataning lampah | wadya pasisir nèng ngayun | ing wuri măncanêgara ||
3. kang wadyabala Kumpêni | tan atêbah lan sang nata | samarga gumêr tambure | sira Tumênggung Jangrana | kang mugèng ngarsa pisan | adangu lamun winuwus | ing marga sri naranata ||
4. praptèng nagri Surabanggi | masanggrahan saha wadya | sri naradipa enjinge | angujung Ngampèl astana | ikang darbe rêrêksan | wong Surabaya wong sèwu | nênggih Pangeran Lamongan ||
5. sêmana sri narapati |
--- [f. 391v] ---
angutus ing Mangunjaya | maringa Giri dèn age | aturêna sêmbah iwang | isun dèn idènana | panjênênganisun ratu | amêngku rat tanah Jawa ||
6. lan kêris wasiyat Giri | iku kang sira suhuna | Ki Kalamunyêng arane | Ki Mangunjaya anêmbah | lèngsèr saking ngayunan | lampahira tan winuwus | prapta praja Giripura ||
7. panggih lan Pangera[15] Giri | sira wau Mangunjaya | mangrêpa ngaras padane | kawula dinutèng nata | Jêng Suhunan Mêngkurat | nuhun idi sang awiku | tuwan ikang ngastrènana ||
8. ngandika Sinuhun Giri | kang jumênêng Amangkungrat[16] | isun takon sabênêre | hèh iya turune sapa | arsa ngrata rat Jawa | yèn anake amral iku | sun tan arsa ngidènana ||
9. lamun wijiling Matawis | kang nama Sunan Mêngkurat | isun idèni jênênge | jêr iku kang duwe tanah | yèn dudu trah Mataram | tan arsa ngidèni isun | Mangunjaya matur dora ||
10. kawula botên udani | wijile Sunan Mêngkurat | ilok-iloking wong akèh | dening prayayi Mataram | akathah kang suwita | nanging wartine misuwur | igih anake wong sabrang ||
11. pun amral ikang ngêmbani | jumênêng ing tanah Jawa | Pangeran Giri dêlinge | hèh Mangunjaya muliha | isun tan arsa seba | Ki Kalamunyêng pinundhut | tan awèh Pangeran Ngarga ||
12. Mangunjaya anulya mit | ing pangran lampahnya egal | prapta ing Surabaya ge | marêk ing sang sinewaka | Mangunjaya tur sêmbah | gusti ing Giri angrêgu | gêgaman nêdya abăngga ||
--- [f. 392r] ---
13. dahat tan arsa ngidèni | panjênêngan dalêm nata | dhuwung pinundhut tan awèh | aseba botên anêdya | jêng susunan garjita | yèn wis karsane Yyang Agung | tan ana sinigahana ||
14. sang nata ngandika runtik | akèn anêmbang têngara | ing Giri sun tindakane | sigra kang para dipatya | anata barisira | wadya Kumpêni wus kumpul | bubar sang sri naradipa ||
15. sumahab lampahing baris | gêgaman awarna-warna | lir samodra rob untabe | ginêlak lampahing bala | tan kawarna ing marga | ing Garêsik nulya rawuh | sang nata amasanggrahan ||
16. kawarna Pangeran Giri | sampun ingaturan wikan | yèn linurugan prajane | dening Susunan Mêngkurat | sigra Pangeran Ngarga | pinêpêk sêntananipun | myang kêtib modin sadaya ||
17. samya nêdya aprang sabil | sêntana ing Giripura | gya anata gêgamane | kawarna sri naranata | enjang nêmbang têngara | ing Giripura kinêpung | ing wadya tanpa wilangan ||
18. măncanêgara pasisir | tanapi Kumpêni aglar | sarêng andhêsêk barise | ing Giri wus binêdhilan | nanging tan ana mêdal | abaris pêndhêm sang wiku | mêmpên nèng kitha kewala ||
19. ginarudug saking jawi | wong Girarsa mêdalana | kang sêntana rêmbug kabèh | amêmpên kinarya lesan | sêksana samya mêdal | wêtara ana rongatus | wong Giri angamuk rampak ||
20. wong pasisir anadhahi | tanapi măncanêgara | wong Giri rêmpêg pêrange | tinadhahan ing ngakathah | binendrong kang sênjata | Kumpêni pangêdrèlipun [pa...]
--- [f. 392v] ---
[...ngêdrèlipun] | tibaning mimis lir udan ||
21. anusup kukusing bêdhil | wong Giri pangamukira | wong pasisir akèh longe | tanapi măncanêgara | kang mundur nandhang brana | para dipati umagut | sami ngawaki ngayuda ||
22. aran Radèn Singasari | sêntana ing Giripura | lakung prawira tandange | wong pasisir bubar-bubar | ingamuk kathah pêjah | kalakung duka sang prabu | angatag para prawira ||
23. hèh maraa wong Kumpêni | kadar pira wong ing Arga | urugana bêdhil akèh | saksana parêng umangsah | Bugis lawan Makasar | Ambon Tarnete gya maju | tinindhihan ing Wêlănda ||
24. miwah sagunging bupati | umangsah sawadyakosya | rusak wong Giripurane | kang prawira kèh palastra | linambung kering kanan | wong Sampang sarêng angamuk | tanapi wong Surabaya ||
25. gègèr kawula lit Giri | wong Surabaya umigah | wong Giri sumaur kabèh | dening praja kalêbêtan | sira Pangeran Ngarga | saksana cinêpêng gupuh | dening sang para dipatya ||
26. ya ta Radèn Singasari | aningali ikang paman | binayang dening wong akèh | aglis nulya bucal watang | ngamuk karo curiga | singa katarajang lampus | dening Radèn Singasêkar ||
27. para dipatya nadhahi | sinasog ing ganjur atap | lir panjang putra pamine | sinasog ing alang-alang | malèsèd tan tumama | giris kang samya andulu | angusi ing sri narendra ||
28. sru duka sri narapati | Judhipati Jagasura | lan kang wadya anom-anom | sadaya kinèn umangsah | nadhahi
--- [f. 393r] ---
Singasêkar | sinasog ing watang gajur | lêmbing busur myang sarampang ||
29. nanging tan ana nêdhasi | ing Rahadèn Singasêkar | kalakung-lakung têguhe | wus liwung pangamukira | kang kapapag palastra | sumyur wadyane sang prabu | Judhipati Jagasura ||
30. wong Kanoman akèh mati | tanapi wong Jagasura | wong Kumpêni kathah longe | sru duka sri naranata | arsa ngawaki yuda | gya Pangeran Adilangu | Panêmbahan Natapraja ||
31. umatur dhatêng nrêpati | agèr sampun mangsah ing prang | yèn taksih ikang mêngkene | nulya Pangran Natapraja | angagêm pangawinan | mara sarwi nguwuh-uwuh | hèh Singasari mandhêga ||
32. sira Radèn Singasari | inguwuh-uwuh tan mirsa | sangêt wuru pangamuke | Panêmbahan Natapraja | wus mara dhatêng ngarsa | sarêng adulu-dinulu[17] | Radèn Singasari mojar ||
33. sira iki wong punapi | wus dhawuk pêksa sudira | lungaa aja na kono | mêngko sira sun sêsêmpal | Pangeran Natapraja | pangandikanira arum | hèh pantèn sira mandhêga ||
34. sira Radèn Singasari | bramatya agigit waja | nulya anêrajang age | tinadhahan ing talêmpak | jajanya nrus walikat | sira Radèn Singasantun | aniba lajêng palastra ||
35. Singasari mati ligih | maksih angawêt lathinya | curigane maksih lèngkèt | ukiran maksih nèng asta | datan kêna binênggang | gawok sakyèh kang andulu | amral gèbèg-gèbèg mulat [mula...]
--- [f. 393v] ---
[...t] ||
36. sira pangeran ing Giri | katur ing nata bêbandan | anulya kinèn anglawe | Pangeran Giri wus pêjah | Kalamunyêng curiga | sêmana sampun pinundhut | gya budhal sri naranata ||
37. gumuruh lampahing baris | ing marga datan winarna | prapta ing Surabaya ge | sang nata amasanggrahan | wêtara sapta dina | wadya ingundhangan sampun | yèn sang nata arsa budhal ||
38. prapta nagri Surawèsthi | ya ta sira Mangunjaya | jinujung kaluguhane | Sumênêp ganjaranira | Rahadèn Mangunjaya | sarta jinujung jêjuluk | Pangeran Cakranêgara ||
39. sêmana sri narapati | budhal saking Surabaya | anglarug ngilèn lampahe | gumêrah syaraning bala | saênggèn masanggrahan | Amral Hèlduwèlbèh tumut | sawadya mêdal dharatan ||
40. kasukan samargi-margi | sang nata sawadyanira | suka manahe punang wong | sagung kang para dipatya | pasisir ing bang wetan | samya bêkta garwanipun | samarga lir guladrawa ||
98. Dhandhanggula
[Sunan Mengkurat Mataram angréka kedhaton wonten Wanakarta, negari Mataram kaelih nama Kartasura Adiningrat. Sunan Ingalaga (pangeran Puger) ingkang ngadhaton ing Plèrèd badhé ngraman dhateng Kartasura.[18]]
1. tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Garobogan | anjog Sêmarang karsane | nêngna ikang lumaku | wontên ikang kocapa malih | Ki Buyut Kalaweyan | wau kang winuwus | lan anake Mêrtanaya | duk sinuhun bubare saking ing Têgil | alayar mring Japara ||
2. Kalaweyan lan anake sami | migah anèng têngahing lautan | akathah atur-ature | duryan lawan kapundhung | myang pijêtan nanas lan manggis | pêlêm salak [sala...]
--- [f. 394r] ---
[...k] lan năngka | sêmăngka lan timun | sang nata nuju kasatan | Mêrtanaya suguhnya katur ing aji | lakung dening pêrcaya ||
3. duk kadhahar suguhirèng nguni | sri narendra angraos kajasad | nulya wuwuh timbalane | tarima têmên isun | benjang lamun nêmu basuki | mênang gènisun aprang | amapaga besuk | ing mêngko sira karia | sun alimi aja tut wuri ing kami | mêngkana dika nata ||
4. mangkya Mêrtanaya myarsa warti | lamun sinuhun mênang ayuda | rawuh Sêmarang badhene | Ki Laweyan amêthuk | myang sutanya Martanayèki | kawarnaa sang nata | lampahira rawuh | sawadya nagri Sêmarang | masanggrahan Ki Kalaweyan sumiwi | lawan tênayanira ||
5. wus tumamèng pasanggrahan aglis | risêdhêngnya sang nata sineba | kagyat mulat duk praptane | Mêrtanaya andhêku | maangrêpa lingnya sang aji | hèh sira Mêrtanaya | bagea sirèku | tur sêmbah Ki Mêrtanaya | sampun katur sêsuguhira sri-asri | nata ris angandika ||
6. Kalaweyan anakira iki | isun pundhut ya Si Mêrtanaya | sun arsa amalês sihe | sun jujung kang lêluguh | aduwea nagri Sêmawis | anama adipatya | sun wèhi jêjuluk | Mas Răngga Yudanêgara | Kalaweyan sujud sumungkêm ing siti | lakung panuhunira ||
7. kang pugawa sadaya ngastrèni | ing Mêrtanaya dadi bupatya | Yudanêgara wastane | apan sampun misuwur | kapatêdhan nagri Sêmawis |
--- [f. 394v] ---
mêngkana sang sri nata | sineba wadya gung | arêmbag pêrnahing kitha | sri narendra tan arsa kitha Matawis | Mangunonêng tur sêmbah ||
8. yèn suwawi ngadhaton ing Tikir | datan arsa wau sri narendra | pun Wirawidigda ture | yèn karsa jêng sang prabu | sêsukuning Ardi Marapi | ing Logêndèr punika | sae papanipun | sri naradipa tan arsa | Ki Urawan umatur sarya wotsari | gusti ing Wanakarta ||
9. apolatan papanipun igil | lan acêlak kadhatoning Pajang | amba mirsa wirayate | duk kala syarginipun | eyang dalêm Pangeran Pêkik | ngandikan mring Mataram | kadalon ing Butuh | lajêng sare andêdagan | myarsa syara ujaring syara dumêling | hèh Pêkik wruhanira ||
10. alas kuloning Pajang ta benjing | Wanakarta iku dadi kutha | anadening nrêpatine | kapêrnah wayahipun | yèn abêdhah kitha Matawis | nata kalakung tustha | myarsa aturipun | adipati ing Urawan | angandika sang nata marang pêpatih | hèh paman Nrangkusuma ||
11. sira ikang lumakua dhingin | ababada Alas Wonakarta | reka-rekanên patute | bakal kadhaton isun | atur sêmbah rahadèn patih | lèngsèr saking ngayunan | saha balanipun | tan kawarna lampahira | wau Radèn Anrangkusuma gya prapti | alas ing Wonakarta ||
12. binabadan rineka nêgari | wus cinêngkal ngadêg kyèhing wisma | lagi pagêr bêthèk bae | kawarnaa sang prabu | budhal [bu...]
--- [f. 395r] ---
[...dhal] saking nagri Sêmangwis[19] | saha wadya pugawa | bupati gung-agung | ing marga datan winarna | sapraptane ing Wanakarta nrêpati | lajêngira ngadhatyan ||
13. wus ingalih wastaning nagari | nama Kartasura Adiningrat | duk kala pangadhatone | Buda Pon dinanipun | Saban tanggal ping pitu nênggih | Alip ing taunira | ing sêngkalanipun | tri sirna rêtuning jagat |[20] duk dadine nêgari ing Kartawani | dèn padha èngêtêna ||
14. sri naradipa arsa nimbali | mring kang rayi Susunan Ngalaga | ikang ngadhaton Pêlèrèd | Pangalasan tinuduh | gya umangkat duta nrêpati | nahan ikang winarna | gantyaa winuwus | kang ngrêbat praja Mataram | Jêng Susunan Ngalaga lagya tinangkil | andhèr kang wadyakosya ||
15. ikang mugèng tansah ngarsa aji | kang anama Arya Măndhalika | Natakusuma sisihe | jajar para tumênggung | dêmang răngga arya ngabèi | tăndha myang Kandhuruan | sadaya supênuh | Tumênggung Gajah Pramoda | miwah Răngga Tanpulas sira sumiwi | Ngabèi Tanpanaha ||
16. Dêmang Kêlêng lawan Jagapati | abdi dalêm Arya Tambakbaya | myang Arya Surajayane | Măndhalika umatur | saha sêmbah ing sang siniwi | gusti kawula myarsa | ing pawartinipun | rakanta madêg narendra | dening mêngsah pun Trunajaya kajodhi | dhatêng raka panduka ||
17. balanipun sabrang warni-warni | nanging wontên warti kang satêngah | Wêlandi amral wastane | kang mindha-mindha ngaku | andarbèni [a...]
--- [f. 395v] ---
[...ndarbèni] ing tanah Jawi | sang nata ris ngandika | apa yêktinèku | iya dudune kangêmas | Măndhalika umatur saha wotsari | dedenipun rakanta ||
18. pangagenipun cara Wêlandi | lawan kula-kuli lan wong kopar | tan pisah sanalikane | punika dedenipun | dene ikang watawis malih | yêktose raka tuwan | gusti sagungipun | abdinipun lama-lama | igih taksih sadaya sami umiring | têtiyang kadipatyan ||
19. dahat èmêng ing driya nrêpati | angandika mring sagung pugawa | hèh ta wadyanisun kabèh | aja na sira tukul | sumêktaa gamaning jurit | lamun dèn komandaka | si amral kang rawuh | măngsa wurunga ayuda | yèn si amral ngukuhi ing tanah Jawi | isun ngantêp ing yuda ||
20. nadyan silih kangêmas dipati | yèn nora mrih arjaning nêgara | wong sabrang sêsurahane[21] | tan ngeman nagrinipun | pasthi rusak kabèh wong cili | jinarah ing wong sabrang | sambatane iku | yèn mêngkonoa kangêmas | yêkti isun tan awèh ikang nglabuhi | lêbur lan wong sa-Jawa ||
21. kaya dudu kangêmas dipati | dening misuwur lunga mring Mêkah | mêngko mangkono timbule | dudu Wêlănda iku | anêlika awasna maning | dèn waspada ing tingal | aja salang surup | kalamun dudu kangêmas | yakti isun angantêp ing aprang sabil | lan sawong sun Mataram ||
22. lagya eca gènnya gunêm kawis | kasaru wau duta kang prapta | jumêrajog ing ngarsane |
--- [f. 396r] ---
mundhi surat gya katur | tinampanan dening nrêpati | pèngêt bukaning surat | salam donganisun | Jêng Susuhunan Mêngkurat | Senapati Ngalaga Ngabdurahmani | Sayid Panatagama ||
23. dhumawuha ngadhimas Dipati | Pugêr ikang madêg natèng Nglaga | ikang ngadhaton Pêlèrèd | sah salam donganisun | hèh adhimas sun awèh uning | prakara musuhira | kang ngrusak Matarum | Si Trunajaya wus pêjah | wonge tumpês anadene isun yayi | ngadhaton bumi Pajang ||
24. Wonakarta kang isun bakali | sira yayi praptaa dèn egal | isun ngantèni dhèwèke | akaryaa kadhatun | kang prayoga surat wus titi | duta sira muliha | sun pikire pukur | kalawan pugawaniwang | duta nêmbah lumèsèr saking ngarsa ji | lampahe sêsandêran ||
25. saukure duta gunêm kawis | Sang Sri Naradipa Ingalaga | kalawan pra pugawane | angandika sang prabu | kayaparan kabèh sun tari | tur sêmbah Măndhalika | adhuh gustinisun | tan eca raosing driya | bokmênawi guna-gunaning Kumpêni | akarya mindha-mindha ||
26. Pangran Natakusuma turnya ris | adhuh anggèr suwawi aseba | mohal yèn agawe-gawe | dening pasisir suyud | yèn dedea raka ta gusti | Măndhalika tur sêmbah | pan dede puniku | dening awarni Wêlănda | saking bisa-bisane tiyang Kumpêni | tan kêna linambanan ||
27. angandika Jêng Sri Narapati | Natakusuma sira sun duta |
--- [f. 396v] ---
anêlika sayêktine | lan Si Natabratèku | ya milua dadia kathi[22] | iku waspadèng marga | kalihnya wotsantun | Pangeran Natakusuma | lawan Radèn Natabrata kang lumaris | budhal sawadyanira ||
28. kawarnaa dutanya Nrêpati | Kartasura Pangalasan prapta | lajêng tumamèng ngarsa ge | sang duta nêmbah matur | amba tuwan duta wus prapti | praja dalêm Mataram | ikang madêg ratu | rayi panduka narendra | kang jumênêng sunan nêgari Matawis | datan arsa aseba ||
29. andikane rayi panduka ji | kawula kinèn angruwunana | lagya pinikir wurine | kocapa kang lumaku | duta ing Kalagan kêkalih | Pangran Natakusuma | Dyan Natabratèku | prapta nagri Kartasura | risêdhêngnya sang nata miyos tinangkil | andhèr kang wadyakosya ||
30. ikang mugèng ngarsa sri bupati | Radèn Dipati Anrangkusuma | pratiwa pasisir kabèh | pugawa anung-anung | Arya Sindurêja nèng ngarsi | myang Dipati Urawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidigda | Mangunonêng Binarong Suranatèki | Makuyuda Bumija ||
31. Natayuda jajarnya aligih | kang sineba pinarak dhêdhampar | miwah Amral Hèlduwèlbèh | kabèh pra pêsiripun | winarêgan boga lan bukti | bêras bêrambang bawang | ayam lawan lêmbu | sang nata jêkar ngadhatyan | aparentah samya siyaga ngajurit | ing sagunging dipatya ||
32. pan sadaya samya bubar mulih | kawarnaa wau ikang prapta | Pangran Natakusumane |
--- [f. 397r] ---
lan Natabrata rawuh | Nrangkusuman atur udani | wadya ing Nrangkusuman | matur gustinipun | yèn wontên utusan prapta | saking nagri Mataram ingkang wêwangi | Pangran Natakusuma ||
33. Radèn Natabrata kang satugil | sigra Rahadèn Anrangkusuma | têdhak ing palatarane | wus ingaturan masuk | Pangran Natakusuma aglis | lan Radèn Natabrata | saksana acundhuk | lan Radèn Anrangkusuma | ing mandhapa gènira tata aligih | lingnya Natakusuma ||
34. prapta kawula yayi tinuding | dening agèr Susunan Ngalaga | kinèn mariksa yêktine | jêng susunan kang rawuh | drêsing warti saking Matawis | yèn anakipun amral | kang jumênêng ratu | angaku ing tanah Jawa | mila agèr tan arsa cundhuk mariki | arsa amapag ing prang ||
35. lamun èstu kang raka nrêpati | manira ge kinèn awangsula | agèr aseba marene | radèn patih gumuyu | yèn èstua ikang pawarti | ratu anaking amral | mohal awak isun | puruna ngabdi Wêlănda | yèn mêkatên kakang kawula tur uning | dhatêng sri naradipa ||
36. nulya seba rahadèn apatih | sapraptanira ing dalêm pura | ngaturi uninga age | tinimbalan mring ngayun | prapta ngarsa nata tur bêkti | igih wontên kang duta | rayi jêng pukulun | Ngalaga kinèn mariksa | jêng panduka kawarti saking Matawis | yèn tênayaning amral ||
37. mila rayi panduka tan prapti | nadyan mangke angutus sêntana | sampun sumêlang
--- [f. 397v] ---
galihe | gusti ikang pinutus | marêk ing jêng panduka aji | pun adhi Natabrata | lan paman pukulun | Pangeran Natakusuma | sri narendra mèsêm angandika aris | bênêr adhi dipatya ||
38. wêwekane wong ngraksa nêgari | bokmanawi kêna kamandaka | adhimas kyèh wêwekane | lah poyanana gupuh | paman Natakusuma Patih | yya mulih mring Mataram | pêrnahna gonipun | Si Natabrata muliha | mring Mataram atura wikan ing adhi | aja sumêlang driya ||
39. rahadèn patih nêmbah umijil | prapta wisma nulya dhinawuhan | Pangran Natakusuma ge | sandika aturipun | Natabrata wus winawêling | amit anulya bubar | mantuk mring Matarum | ing marga datan winarna | lampahira prapta nagri ing Matawis | sang nata sinewaka ||
40. dening pugawa para prajurit | pinarak ing bangsal srimêngantya | Dyan Natabrata sira ge | marêk ing ngarsa prabu | saha sêmbah matur tan yakti | karya dora sêmbada | dhuh gusti sang prabu | pun paman Natakusuma | datan mantuk ing mangke sampun abalik | ngawula Kartasura ||
41. igih ikang jumênêng nrêpati | èstu dede raka pandukendra | tuhu yèn amral anake | gusti sawiking ulun | sampun rakit busana jurit | arsa nglurugi tuwan | kadya nuntên rawuh | sang nata èmêng ing driya | ênêngêna gêntia ikang winarni | prabu ing Kartasura ||
42. lami angarsa-arsa kang rayi | tan ana prapta ing Kartasura | sang nata kaku galihe | dyan apatih malêbu | tur udani ing sri bupati | yèn kang
--- [f. 398r] ---
rayi Ngalaga | tan arsa acundhuk | ambahak kang padêdesan | abdinipun rayi panduka nrêpati | abaris Parambanan ||
43. asru ngandika sri narapati | Nrangkusuma sira undhangana | wadya Kartasura kabèh | isun budhal ing besuk | anindaki maring Matawis | si amral poyanana | sun gawa ing besuk | manêmbah radèn apatya | nulya lèngsèr prapta jaba angundhangi | pugawa asanega ||
44. miwah sagung kang para Kumpêni | asiyaga sagêgamaning prang | miwah Amral Hèlduwèlbèh | tan kawarna ing dalu | enjing nêmbang têngara atri | gumêr syaraning praja | baris ngalun-alun | miyos sang sri naradipa | nulya bubar sumahab lampahing baris | Kumpêni anèng wutat ||
45. masanggrahan nèng Sagung[23] salastri | enjing budhal saha wadyabala | Malinjon pakuwon rajèng | dening wadya pangayun | wus angancik ing lawang Taji | kang baris Parambanan | wong arahan mawut | kunêng wadya Kartasura | kawarnaa para pugawa Matawis | ngundurakên arahan ||
46. titi tamatira duk tinulis | anèng Tajug wêktu lahor[24] ika | Anggara Kasih dinane | anênggih wukunipun | Madhasiya[25] măngsaning rèki | kapitu pan ingetang | sasine winuwus | Muhkharam tanggal sangalas | taun Êbe angkaning warsa winilis | dadya sêngkalanira ||
47. warna sirna pandhitaning jalmi |[26] igih punika sêngkalanira | kang maca myarsa sagunge | dipun sami ametung | sirah tênggak tusaning rèki | dèn sami ngeka dasa | căndra sangklanipun | pamujine ikang nurat | pan antuka
--- [f. 398v][27] ---
sapangat andika Nabi | myang sabate sakawan ||
--- [f. 399r] ---
[...]
--- [f. 399v] ---
[...]
--- [f. 400r] ---
99. Durma
[Prajurit Kartasura kabiyantu kumpeni perang mengsah wadya Kalagan (Plèrèd) ing Prambanan.[28]]
1. kawarnaa Sri Naradipa Ngalaga | risêdhêngnya tinangkil | andhèr kang pugawa | prawira dêling yuda | Arya Măndhalika ngarsi | Gajah Pramoda | Tumênggung Jagawèsthi ||
2. Tambakbaya lawan Arya Surajaya | Surakarti nèng wuri | Dêmang Kêlêng seba | Ngabèi Panjêr ngarsa | Răngga Jênar Dêmang Rawi | myang Nilasraba | Urutsèwu sumiwi ||
3. Arya Măndhalika umatur pranata | gusti mêngsah wus prapti | têtiyang arahan | sampun mawut sadaya | dening têtindhihing jurit | amral Wêlănda | kang dados senapati [se...]
--- [f. 400v] ---
[...napati] ||
4. ing Malinjon pamondhokanipun amral | tuwin para dipati | pasisir sadaya | angandika sang nata | hèh undhangana dèn aglis | wadya Mataram | sun arsa mapag jurit ||
5. lan pikirên sakancanira dipatya | apa gêlaring jurit | musuh lan Wêlănda | matur Ki Măndhalika | yèn suwawi lan karsa ji | dadosa tiga | amrih kuwating jurit ||
6. jêng panduka gusti amangkua dhadha | kanan amba nindhihi | kang kering punika | igih Gajah Pramoda | sigra ambêndhe munya tri | wadya kumêrab | sabusananing jurit ||
7. pra dipatya sadaya sampun sanega | têtêg ping tiga muni | budhal cucuking prang | Ki Arya Măndhalika | Gajah Pramoda tan kari | samya prawira | karo andêling jurit ||
8. Natèng Nglaga budhal anitih turăngga | aran pun Kamasari | daragêm ulêsnya | rinênggèng ing busana | magêrsarinya marapit | pangulunira | lumayu anututi ||
9. adhuh gusti kawula tumut ayuda | sang nata ngandika ris | hèh pangulu aja | karia tugu pura | yèn musuh wus ngrampid puri | sira milua | ing alun-alun jurit ||
10. tan kawarna lampahira sang srining prang | prapta ing Kali Ajir | wadya Kartasura | kang baris Parambanan | enjing budhal majêng malih | cucuking yuda | kapapag Kalibêning ||
11. wong Kalagan sadaya sami sudira | mulat ing musuh prapti | gumêrgut tandangnya | sigra sarêng nêrajang | wong Kartasura nadhahi | rame kang yuda | samya bêdhil-binêdhil ||
12. sigra Arya Măndhalika tur uninga | dhatêng sri narapati | yèn wadya pangarsa | sampun campuh ing yuda |
--- [f. 401r] ---
angandika sri bupati | hèh yayi êmas | Arya Panular aglis ||
13. tindhihana yayi upacaraniwang | dadia wakil mami | sakèh têngran iwang | sira kang amangkua | sun amamor anèng ngarsi | arsa uninga | musuh ulahing jurit ||
14. Pangran Arya Panular datan lênggana | sigra mangsah ing jurit | gumêrgut lir yaksa | miwah ing kering kanan | tumanduk sarêng ngêbyuki | kadya ampuhan | syaraning bêdhil muni ||
15. gumarudug bêdhile wong Kartasura | wong Kalagan tan gisir | angayok kewala | gègèr wong Kartasura | giris malêdug angisis | samya sasaran | angumpul baris Taji ||
16. wong Kalagan anglud maring Parambanan | lajêng ngrampid mring Taji | nulya tinadhahan | Tumênggung Makuyuda | têtindhihira ngajurit | lan Natayuda | kang abaris ing Taji ||
17. sigra mangsah Natayuda Mangkuyuda | sawadyanira pulih | prapta wong Kalagan | prajuritira mangsah | lir banthèng atawan kanin | tandanging yuda | Arya Măndhalika glis ||
18. nulya ngamuk Mangkuyuda Natayuda | Arya Măndhalika glis | angêtab turăngga | mara asumbar-sumbar | hèh pantèn mundura aglis | sapa ranira | maksih anom bêk wani ||
19. anauri iya isun Mangkuyuda | yèn sira tan udani | wadana Bumija | Măndhalika sru mojar | hèh ragane sira iki | sêsêngkan anyar | bèbèt wong dhudhuk gasir ||
20. isun eman pantèn wus sira mundura | Ki Mangkuyuda rutik[29] | mara gigit waja |
--- [f. 401v] ---
asru panumbakira | tumèmbêl baunya kêni | Ki Măndhalika | gumujêng sarya angling ||
21. rare Kêdhu sira iki liwat pugal | tur sun walês ko mati | age lumayua | si amral kang majua | Makuyuda nolih wuri | wadyanya têlas | nulya ngingêr turanggi ||
22. gya sinabêt turăngga nututi wadya | dyan ingêlud kang lari | ing wadya Kalagan | segung[30] wong Kartasura | kandhêg Tangkisan abaris | wadya Kalagan | kandhêg wetaning Taji ||
23. Ki Tumênggung Makuyuda tur uninga | ing sang sri narapati | patikbra tur wikan | wadyèng Mataram prapta | samya sudira ing wèsthi | rayi paduka | anadhahi pribadi ||
24. abdi dalêm sumawur samya sasaran | mulat kalakung wiwrin | tan măngga puliha | mulat ing ari tuwan | sang nata ngandika aris | baya adhimas | sêdya ngayoni kami ||
25. kang sun têdha adhimas têka elinga | besuk têmpuhing jurit | kabèh wadyaniwang | yèn adhimas katingal | padha piyaka dèn aglis | aja na nglawan | praptaa ngarsa mami ||
26. ana ngêndi mêngko barising Kalagan | sigra radèn apatih | matur apranata | wontên ing Parambanan | rayi paduka nrêpati | sawadyakosya | nêba gènipun baris ||
27. ênêngêna kang lagya gunêm prakara | gantya kawarna malih | Prabu Ingalaga | ingaturan ing wadya | kondur dhatêng dalêm puri | ngamungna wadya | ikang baris ing ngriki ||
28. angandika aris sang sri naranata | isun arsa udani | iya tikahing prang | sun arsa nglugas raga | angampingi maring yayi | Arya Panular | kang dadi wakil mami [ma...]
--- [f. 402r] ---
[...mi] ||
29. lagya eca sang nata imbal wêcana | kasaru musuh prapti | wadya Kartasura | miwah bala Wêlănda | sumahab kadya jaladri | wadya Kalagan | mukur tan winigati ||
100. Pangkur
[Wadya Mengkuratan (Kartasura) kabiyantu kumpeni perang mengsah wadya Kalagan. Tumenggung Gajah Pramoda lampus.[31]]
1. kandhag[32] wadya Mêngkuratan | nata gêlar amrih kuwating jurit | wadya Kumpêni akumpul | ing têngah dadi dhadha | pangawate Arya Sindurêja iku | kering Dipati Urawan | sri naranata nèng wuri ||
2. têngara kêndhang wurahan | bêndhe bèri umyang tinitir-titir | syarane umyung gumuruh | tambur bubrut sauran | kadya guntur surake wadya lor kidul | pasisir măncanêgara | tanpa wilangan kang baris ||
3. Sri Naranata Mêngkurat | gya angrasuk busana cara Wêlandi |[33] akêkaos akarêpus | rasukan lampis tiga | bêlah jaja baludru rinenda murub | mojah rinujit toya mas | kinatimang mas sinangling ||
4. abêbadhong susun tiga | têtirahe sinawud[34] ikang widuri |[35] ujyalanira sumunu | arja kuluk jakangan | tinatrapan ing renda Wêlănda murub | yèn tinon saking mandrawa | kadya Gurnadur Batawi ||
5. anyuriga pêdhang usar | agarnya[36] bra binalasong[37] mas adi | tan măntra putra Matarum | pinarak ing dhêdhampar | ikang wadya Kapêdhak samya supênuh | sagung pugawa mangrêpa | muka lir kojêm ing siti ||
6. kang Magêrsari akapang | Jagasura lawan wong Judhipati | sang nata ngandika asru | lah mara kêbutêna | mundhut kuda nulya
--- [f. 402v] ---
sumaos ing ngayun | kêkambil cara Wêlănda | salebrak baludru wilis ||
7. sigra anitih turăngga | nulya budhal sawadya Magêrsari | syaraning bala gumuruh | tambur barung lan surak | cucuking prang arame buru-binuru | tandange wadya Kalagan | lir buta arêbut daging ||
8. wadya Bagêlèn umangsah | tinadhahan dening wadya Kumpêni | arame têmpuhing lawung | Ambon Bugis Makasar | wong Bagêlèn tan ana mundur ing kewuh | samya sudira ing rana | binendrong bêdhil Kumpêni ||
9. Tumênggung Gajah Pramoda | wus angiwa sarowangnya ingirid | ing Karapyak jujugipun | anjog ngetan kewala | Măndhalika angirid sarowangipun | anurut gunung mangetan | ing Mutihan kang dèn jogi ||
10. dene ikang dadi dhadha | Pangran Arya Panular ikang nindhihi |[38] wadya Bagêlèn pinangku | Ki Arya Tambakbaya | lawan Arya Surajaya mugèng ngayun | dadya sêsabêting rana | samya prawira ing jurit ||
11. arame têmpuhing yuda | wong Kalagan pangamuke angukih | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | kumarayok wong Bagêlèn tangkêpipun | arame ulêng-ulêngan | wadya Kalagan kèh mati ||
12. ikang Sinuhun Ngalaga | amiranti mugèng wurining baris | wong Mataram sarêng ngamuk | pêngkuh wong Kartasura | sinusupan kukusing sundawanipun | dening wadya ing Kalagan | kang tinêmpuh kathah mati ||
13. mawut wadya Kartasura | bingung prange akèh
--- [f. 403r] ---
pisah lan gusti | samya angumpul ing pukur | Măndhalika gya mara | saking kidul Jangrana mapag ing ngayun | kalawan Arya Sindurja | arame bêdhil-binêdhil ||
14. arame têmpuhing yuda | Arya Măndhalika wus ambêk pati | angamuk sabalanipun | dadya rame gêmporan | Ki Tumêngguh[39] Gajah Pramoda anêmpuh | saking kiwa saha wadya | Ki Urawan kang nadhahi ||
15. sira Adipati Dêmak | kang tinuding dening sri narapati | têtulung Urawan gupuh | Tumênggung Suranata | wus angiwa angirid sawadyanipun | Tumênggung Gajah Pramoda | Suranata dèn tadhahi ||
16. arame sêrang-sinêrang | Ki Tumênggung Gajah Pramoda angukih |[40] sarowangira angamuk | lir dênawa amăngsa | wong ing Dêmak nadhahi pangamukipun | tan ana mundur ing rana | wong ing Dêmak akèh mati ||
17. ing wuri saya kyèh prapta | kang ngêbyuki prange wadya Matawis | pasisir sadaya rawuh | wong Kudus lan Juwana | Langsêm Pathi Jêpara Rêmbang Sidayu | prangira Gajah Pramoda | ingurugan ing pêpati ||
18. Tumênggung Gajah Pramada | karepotan wadyanira kyèh mati | karoban ing musuh agung | sayah pangamukira | Ki Tumênggung binendrong ing ngarsa pukur | parêng lan jangjining ajal | Ki Tumênggung nandhang kanin ||
19. katiban mimis sêsawat | wêntisira kawatgata kang kering | wêkasan tiba aluguh | sira Gajah Pramoda | nênggih wontên [wontê...]
--- [f. 403v] ---
[...n] sêntanane ki tumênggung | awasta Răngga Wijaya | ikang paman dèn tangisi ||
20. awêtara kalih dasa | kang sêntana sadaya tan ana têbih |[41] Răngga Wijaya umatur | paman dika nitiha | kuda nuli kawula bêkta lumayu | ki tumênggung datan arsa | sun sêdya mati ing jurit ||
21. uculana bênting iwang | gya winuwur bêntingira cindhe wilis |[42] binêbêdakên ing tatu | alon pamuwusira | Răngga Jaya padha lumayua kulup | aturêna sêmbah iwang | ing gusti sri narapati ||
22. osiking manah karuna | sapa ikang yoga mamong jêng gusti | sun têdha-têdha Yyang Agung | gustiku Ingalaga | mugi-mugi ing benjang anaa tulung | lananga yuda tulusa | sinêmbah ing wong sa-Jawi ||
23. kawula gusti mit pêjah | dadya bantên nagri dalêm Matawis | lan kawula sampun pênuh | kêkucah ikang syarga | têkèng mangke kawula dèrèng anaur | asangêt tiwas kawula | amongmong ing paduka ji ||
24. sêntana samya karuna | ki tumênggung asru dèn gêgendholi | sadaya ngaturi mundur | wadya tumpês sadaya | Ki Tumênggung Gajah Pramoda amuwus | lah age padha muliha | isun wus karsaning Widi ||
25. musuh prapta kering kanan | binêdhilan ki tumênggung tan gisir | sampunnya angambên tatu | sigra nitih turăngga | ngêmbat watang kinêtab turangganipun | Tumênggung Gajah Pramoda | sêdya ngamuk ambêk pati ||
26. lir pendah dirada mêta | pangamuke ki tumênggung wus lali | singa katarajang [kata...]
--- [f. 404r] ---
[...rajang] mawut | kang nadhahi palastra | pinetaran sênjata lir prawata rug | kinarutug ing sêrampang | sinawuran tawok lêmbing ||
27. wong siji pira kuwatnya | upamane abêbalunga wêsi | susuma gêgala rêmuk | turangganya wus pêjah | wuru braja wus sayah tiba aluguh | sarira kathah kang pisah | rinêbut ing pra dipati ||
28. Gajah Pramoda wus pêjah | kang sêntana akèh kang milu mati | akêdhik ikang lumayu | kathah kang mati ngrana | sira Arya Măndhalika maksih tarung | arame sêrang-sinêrang | samya prawira kang jurit ||
29. saksana Tumênggung Dêmak | Suranata angingêrakên baris | marang ing têngên têtulung | miwah baris Jêpara | wong ing Lasêm Rêmbang Juwana myang Kudus | Pathi têtulung sadaya | Măndhalika tan gumisir ||
30. Adipati Cakraningrat | sawadyane sigra tulung ing jurit | saksana sarêng anêmpuh | kèlêban wong Mataram | ingurugan sênjata pasêr lan busur | dhomas wadya Măndhalikan | tan ana mundur ing jurit ||
101. Durma
[Wadya Kalagan dipunpandhégani Arya Mandhalika perang kaliyan wadya Kartasura. Arya Mandhalika lampus.[43]]
1. rameni[44] prang alah duk Patrunajaya |[45] wong Mataram prang lali | Arya Măndhalika | rêmpêg pangamukira | tan ana wani nadhahi | lir saradula | ikang katrajang gusis ||
2. sira Arya Măndhalika sumbar-sumbar | rêbutên ing ajurit | Arya Măndhalika | dhangkèle wong Mataram | kang amongmong [among...]
--- [f. 404v] ---
[...mong] sri bupati | Prabu Ngalaga | hèh cêcindhil pasisir ||
3. baya mêngko usume iwak amijah | mangsane banjir prapta |[46] kyèh sêsêngkan anyar | nora etang palastra | kumaruk dadi bupati | anak wong nyantrang | wuru têmbene mukti ||
4. Mêrtajaya sira iki lir camêra | tan narima ing bêcik | sira wus ngawula | ing Sinuhun Ngalaga | wasana têka abalik | Si Dêmak edan | têka ngèngèr Kumpêni ||
5. asru duka Ki Tumênggung Suranata | ngêmbat watang kumitir | mangsah sawadyanya | Ki Arya Măndhalika | tan gumisir anadhahi | campuhing yuda | kapanggih padha wani ||
6. duk kasaput ing dalu sapih kang yuda | mundur makuwon sami | sirarya Măndhalika |[47] lintang ngungun miyarsa | lamun Gajah Pramoda mati |[48] katur ing nata | dahat tikbraning galih ||
7. kawarnaa Sri Naradipa Mêngkurat | Tangkisan dènnya baris | kang wadya sumahab | pirang pandêlêng abra | miwah kang wadya Kumpêni | tan kêna têbah | lawan sri narapati ||
8. kang pugawa samya ngandikan sadaya | ing sang sri narapati | prapta ngarsaning sang | pra dipatya manêmbah | tur bêkti rahadèn patih | abdi panduka | gusti kathah ngêmasi ||
9. pêrangipun ugul nanging kathah pêjah | tandangipun patitis | wadyane arinta | lintang sami sudira | sang nata ngandika manis | iya adhi mas | wignya ngadu wong cilik ||
10. mêngkenea tarunging wong ing Mataram | lan Trunajaya dhingin | pasthi nora bêdhah | nêgara ing
--- [f. 405r] ---
Mataram | Bali Makasar akêdhik | măngsa bangkata | bêdhah kutha Matawis ||
11. ênêngêna kang baris anèng Tangkisan | kawarnaa Sang Aji | Ngalaga sêmana | makuwon Parambanan | ginubêl ing para mantri | samya ngaturan | nata kondur mring puri ||
12. sira Arya Măndhalika atur sêmbah | dhuh gusti panduka ji | suwawi kondura | benjing ngantêpa yuda | ing alun-alun ajurit | Sang Sri Ngalaga | nuruti ikang abdi ||
13. nulya budhal sang nata sawadyanira | kang tinilar abaris | anèng Parambanan | Răngga Wiradipura | kêkalih kancane mantri | lan Pulangjiwa | dadi kawaling jurit ||
14. sapraptane Palèrèd Prabu Ngalaga | ngalun-alun abaris | têtindhihing yuda | sirarya Măndhalika | Pangran Panular jênêngi | lawan kang paman | Pangran Pamênang sigih ||
15. dene ikang pêputra Pangran Pamênang | Pangran Silarong syargi | myang para pugawa | Rahadèn Natabrata | nêngêna kang nata baris | gantya kawarna | Sang Prabu Kartawani ||
16. enjing bubar saking Tangkisan sawadya | sumahab anèng margi | pangajênging lampah | Jangrana Surabaya | Tumênggung Suranatèki | Sujanapura | ngirid sawong pasisir ||
17. ikang baris Parambanan katarajang | nglarug dhatêng Matawis | tan wani anglawan | lajêng wong Kartasura | wus prapta ing Kali Ajir | Prabu Mêngkurat | tansah lawan Kumpêni ||
18. Pajarakan sadalu amasanggrahan [amasanggrah...]
--- [f. 405v] ---
[...an] | enjang budhal sang aji | tinata lampahnya | dening wus parêk kitha | pangajêngira wus prapti | kikis nagara | surak gumuruh atri ||
19. wong Kalagan malatar sajroning kitha | nanging tan amêdali | ngalun-alun aglar | gènnyarsa ngantêp yuda | sagunging wadya pasisir | malêbèng praja | ing Karanon abaris ||
20. samya kèndêl angantosi kang timbalan | wus angaturi uning | ing Nata Mêngkurat | yèn kang rayi Ngalaga | tan amêtoni ing jurit | mêmpên ing kitha | ngalun-alun miranti ||
21. Radèn Anrangkusuma anata bala | pangawat kanan kering | myang kang mugèng ngarsa | sampun sami sadhiya | sagung kang para dipati | nêmbang têngara | tambur salumprèt anjrit ||
22. kadya gêrah surake wadya sauran | nahan ikang winarni | wong Kalagan lagya | nata sikêping yuda | sagung têngêraning jurit | tugul gandera | lêlayu prangmêdani ||
23. kang anyêkêl sadaya wus sinalinan | mila kang surèng pati | kang wus tuwuk dana | kinèn nyêpêng gandera | tuwin têngêraning pati | gulakalapa | para mantri nyêkêli ||
24. wusnya tata sigra anêmbang têngara | sênjata guntur api | wus samya ngisenan | muwah Kyai Srubrastha | Kumbarawa Kumbarawi | samya pinasang | para mantri nugoni ||
25. ki pangulu akumpul ing Pagêlaran | myang ikang kêtib modin | sêdya ngantêp ing prang | matia sabilolah | wus samya sanega jurit | Prabu Ngalaga | têngara kêndhang
--- [f. 406r] ---
bèri ||
26. Sitibêntar mugang[49] tinêmbang munya angakang |[50] egar wadya Matawis | wadya Kartasura | samya mapan ing rana | ing kanan kalawan kering | myang ikang dhadha | sami angrampid puri ||
27. wong Kalagan ikang abaris nèng pasar | kuwat tadhah ing jurit | Arya Măndhalika | têtindhihing ayuda | tandangnya lir banthèng kanin | têguh prawira | tuhu prajurit luwih ||
28. wadya Kartasura saya agung prapta | muwah wadya pasisir | myang măncanêgara | sigrarya Tambakbaya | myang Arya Surajayèki | sarêng umangsah | sakancanira mantri ||
29. syarani[51] kang sênjata lir gunung rêbah | sagung wadya Matawis | sampun winangsitan | piyak ngiwa anganan | sigra Kyai Gunturgêni | myang Kumbarawa | pamêcut Kumbarawi ||
30. sinulêdan munya lir gêlap syaranya | orêg ikang pratiwi | brastha kang katrajang | wadya ing Kartasura | atusan ikang ngêmasi | Prabu Mêngkurat | duka yayah sinipi ||
31. gya ingatag Kumpêni kinèn umangsah | amral sigra ngabani | mring prajuritira | tambur barung sinapan | gumrudug lir ruging wukir | pangêdrèlira | tan agop wong Kumpêni ||
32. duk sinipat mariyêm wong Kartasura | kadya babadan pacing | malêdug kang gêsang | datan măngga puliha | tanapi bala Kumpêni | akathah pêjah | muwah wadya pasisir ||
33. lakung runtik sri naradipa ing driya | mangsah nindhihi [nindhih...]
--- [f. 406v] ---
[...i] jurit | bêndhe Kyai Bicak | sêmana wus ingasta | tinabuh ngukung wiyati | sagung dipatya | kang ajrih wani maning ||
34. sigra mangsah pasisir măncanêgara | dipatine ngawaki | sumahab ing rana | samyarsa ngantêp ing prang | gumêrgut wadya gêng alit | dening narendra | anadhahi pribadi ||
35. wong Kalagan sadhiya prayitnèng rana | sêdaya sêdya mati | kêkathahên mêngsah | lir udan tibèng rawa | ngarsa tinarajang gusis | tangkêping wutat | tumêmpuh kanan kering ||
36. ramening prang kunarpa susun atumpang | kang gêsang wuru gêtih | wadya ing Kalagan | kadya sima kinêpang | saparane dèn tadhahi | saya kyèh pêjah | dadya kêdhik kang kari ||
37. mangsah ngrana sira Arya Măndhalika | ki pangulu tan kari | sakêtib modinnya | binendrong kering kanan | wadya Kumpêni ngêdrèli | akathah pêjah | wadya kaum Matawis ||
38. sira Arya Măndhalika kinêmbulan | ing sagung pra dipati | sinasog ing watang | sinawuran sarampang | busur jamparing ngudani | Ki Măndhalika | datan nêdya gumisir ||
39. yèn mangsaha ing braja Ki Măndhalika | wus ajur wor lan siti | pira ta kuwatnya | sirarya Măndhalika | angrasa datan kuwawi | nulya alênggah | mêtêk napas ngêmasi ||
40. datan busèt sarirane Măndhalika | kathahing braja mandi | marêngi lan ajal | marga saking akathah | katur ing sri narapati | lamun Ki Arya | Măndhalika ngêmasi ||
41. sru bramatya Sri Naradipa [Nara...]
--- [f. 407r] ---
[...dipa] Ngalaga | arsa ngawaki jurit | anitih turăngga | Kyai Palèrèd ngasta | ingêmbat-êmbat kumitir | mangsah ing rana | sawadya warga ngiring ||
42. Pangran Arya Panular Pangran Mamênang | Radèn Natabratèki | Arya Tambakbaya | myang Arya Surajaya | sakancanira pra mantri | datan atêbah | tansah wuri nrêpati ||
43. kadi yaksa pangamuke wong Kalagan | gustinira ngawaki | kang para dipatya | Mêngkurat tan umangsah | wadya lit kabèh sumikir | amung dipatya | pugawa mantri jurit ||
44. singa ikang tinarajang bubar-bubar | tanna wani manggahi | pugawa ing Karta- | sura samya lumajar | mulat Prabu Ngalagèki | lintang jrihira | ngusi wurining gusti ||
45. angandika Sri Naradipa Mêngkurat | padha piyaka aglis | amral tata sira | ngiwa mring wuriningwang | yèn arimas sêlak prapti | sigra Urawan | matur angasih-asih ||
46. Susuhunan paduka cucul rasukan | rayi dalêm mênawi | pandung ing panduka | andhatêngakên sura | wau kawula udani | rayi panduka | Ki Palèrèd pinundhi ||
47. rinucatan busana cara Wêlănda | karêpos myang kulambi | wus samya rinucat | Sang Sri Nata Ngalaga | saksana wau kang rayi | Natèng Ngalaga | angamuk marêpêki ||
48. kagyat mulat ing sasong jênar pinasang | aglis mêkak turanggi | sarwi ngulap-ulap | waskitha yèn kang raka | manêmbah luhur turanggi | kêpuh kinusya | tangi ngingêr [ngi...]
--- [f. 407v] ---
[...ngêr] turanggi ||
49. cinamêthi kudanya nandêr anoklang | sawargan wadya aglis | dhadhal barisira | jêkar nata sagraha | saking kadhaton Matawis | myang para putra | kadya bubaring paksi ||
102. Dhandhanggula
[Sunan Ngalaga lolos, lajeng masanggrahan ing Bagelèn. Wadya Kalagan kabiyantu wadya Bagelèn badhé mengsah jurit lawan wadya Kartasura.[52]]
1. lalos mangilèn nabrang Paragi | rangu-rangu Prabu Ingalaga | tansah kacipta driyane | kang raka warnanipun | tansah anèng tingal samargi | osiking tyas mêngkana | sang kapranan dulu | kayaparan polah iwang | lamun isun sebaa mring kangmas aji | isin ing wadyaniwang ||
2. yèn ta tulusa gènisun isin | ayudaa lawan kakang êmas | yakti kari kyèh balane | kèmêngan tyas sang prabu | anging datan kandhêg lumaris | tan winarna ing marga | ing Bagêlèn rawuh | masanggrahan parêmbagan | lan kang paman Pangran Mamênang myang rayi | Pangran Arya Panular ||
3. lawan bala sakarine mati | kang prawira maksih atut wutat | ing gustine saparane | angandika sang prabu | hèh ta paran polah ngong iki | sira Pangran Mamênang | alon aturipun | anak prabu yèn sêmbada | ing Salinga wontên wong umadêg baris | prawira tur prakosa ||
4. yèn suwawi andika panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapatute | yèn angêntasi kewuh | amêthuki sri narapati | sagung para pugawa | sadhiya turipun | Pangran Pamênang turira | ingayonan raka panduka nrêpati | igih sapisan êkas[53] ||
5. budhal saking Bagêlèn nrêpati | sri ing marga gêgamaning wadya | maring Salinga [Sali...]
--- [f. 408r] ---
[...nga] parane | sagraha têneyaku[54] | nahan ikang lagya lumaris | gantya kang kawarnaa | sira Raja Namrud | ikang madhirèng[55] Salinga | wong têngahan sadaya sami sumiwi | Namrud rinaja-raja ||
6. Raja Namrud wus amirsa warti | lamun nata kasoran ing yuda | badhe ngusi ing dhèwèke | pinêpak barisipun | kang têngêran bul-umbul waring | wus adadi barisnya | gêgamane Namrud | rongèwu yèn winatara | arsa mêthuk ing Sang Sri Ngalaga nuli | budhal sawadyakosya ||
7. nahan Prabu Ingalaga prapti | ing Salinga Ki Namrud amapag | asigra-sigra lampahe | uluk salam acundhuk | Raja Namrud angrangkul aglis | dhuh sutane pun bapa | bageya wong agung | wong abagus ajalarat | mung cacade sadhidhik kalah ajurit | têka anyuda praya ||
8. angusia mring pun bapa gusti | egal wayah wus mênang ayuda | mung kari makruk-mangkruke[56] | bari adolan cêpuk | yèn pun bapa tulunga jurit | musuh lawan Wêlănda | găndra pira iku | wong amănca endah pira | sang sri nulya ngaturan manjing ing puri | tata sami alênggah ||
9. nahan ikang kawuwusa malih | Prabu Mêngkurat kang mênang aprang | kêkuwu anèng Palèrèd | lakung pangungunipun | cuwèng ing tyas onêng kang rayi | sampun matah pugawa | ngusir kang lumayu | wadya wus samya sanega | winawêling pugawa tri wus adugi | ing karsanya
--- [f. 408v] ---
narendra ||
10. bubar ikang minăngka têtindhih | Kyai Tumênggung Wirawidigda | Makuyuda myang arine | wêtara tigang èwu | wong ing desa samya kinêrig | anrapakên arahan | ikang sampun nungkul | abaris anèng Parênggan | tanah bumi Bagêlèn kang dèn tuguri | dening sri naranata ||
11. sampun bubar saking ing Matawis | lampahira praptèng Kartasura | miwah amral sawadyane | sang nata angadhatun | nanging tansah siyagèng jurit | osiking tyas narendra | adhuh arinisun | Adipati Pugêr sira | lali têmên adhimas marang ing kami | yèn awèt mêngkenea ||
12. pasthi awèt risaking nêgari | yèn adhimas awèta suwala | tan eca jênêngong kiye | ya ta carakanipun | kang abaris Parênggan prapti | angaturi uninga | dhatêng sang aprabu | Natèng Ngalaga wus ilang | ing Salinga wontên wong umadêg baris | Namrud anama raja ||
13. tan kawarna Natèng Kartawani | kang anahên ruwarèng ing driya | Salinga kawarna manèh | Natèng Ngalaga nglalu | Raja Namrud ikang nanggupi | bêdhahe Kartasura | ing samangsanipun | marmane binapa-bapa | Raja Namrud tinariman èstri luwih | sêntana naking-sanak ||
14. duk ingajak amagut ing jurit | Raja Namrud tansah năngga krama | nora nana wêkasane | dadya kaku tyasipun | Natèng Nglaga sinagèng[57] krami | nanging Pangran [Pangra...]
--- [f. 409r] ---
[...n] Mamênang | sangêt aturipun | anak prabu dèn asabar | sampun age pênêd tinurut kariyin | pun Namrud aprawira ||
15. Natèng Nglaga wus puwas kang galih | nulya bubar sakawulawarga | dhatêng Bagêlèn jujuge | lajêng angirup-irup | wong padesan anata baris | Ki Arya Tambakbaya | kang kinarya tugul | senapatining ayuda | akalihan Ki Arya Surajayèki | katri Ki Suraguna ||
16. wong Bagêlèn akathah kang prapti | saha bêkta sagêgamaning prang | sampun andadi barise | nulya budhal sang prabu | lampahira prapta ing Nitik | nahan wong Kartasura | têlikira rawuh | matur ing Wirawidigda | nênggih wontên dêdamêl anyar kang prapti | arsa nagulang[58] ing prang ||
17. Jêng Susunan Ngalaga nindhihi | Wirawidigda bubar sakala | sakănca wadyabalane | wadya Bagêlèn anglud | saparane saya ingusir | prapta tanah Mataram | sinêrod binujung | Tumênggung Wirawidigda | praptèng Pokak kandhêg anata kang baris | sakancane wêdana ||
18. kawarnaa kang praptèng Matawis | Prabu Ngalaga samadya căndra | wong Mataram tarub manèh | Pangran Panulyar[59] wau | kang kinarya têtindhih malih | lan Radèn Natabrata | nanging lagi rawuh | dening Pangeran Mamênang | taksih kari anèng Salinga abaris | Ki Namrud rowangira ||
19. malah arsa jinujung nrêpati | mring Ki Namrud Pangeran Mamênang [Mamê...]
--- [f. 409v] ---
[...nang] | mila nurut sakarsane | nahan ikang winuwus | Jêng Suhunan Ngalaga aglis | budhal saking Mataram | saha wadya umung | arsa nglagar Kartasura | barisira cucuking prang wus atêbih | sirarya Tambakbaya ||
20. lawan Ki Arya Surajèyèki[60] | tinarajang kang baris ing Pokak | dhadhal sumyur larut kabèh | wadya Kalagan anglud | dèn bêbujung Drêsanan prapti | binanjêl malih budhal | prapta ing Dilanggu[61] | maksih binujung lumayya | prapta Sanggung nulya malêbêt nagari | gamaning Kartasura ||
21. wong Kalagan anèng Sanggung baris | tan mêtoni wadya Kartasura | wong desa wus mirut kabèh | samya prapta sêsuguh | akèh lajêng tumut abaris | kinêpung Kartasura | gantyaa kawuwus | sri nata ing Kartasura | kang Mêngkungrat[62] sêmana miyos tinangkil | Ki Wirayodha akram ||
22. pra dipatya nung-anung ing ngarsi | sira amral andhèr ing ngiringan | pra pêsir anèng wurine | Radèn Nrangkusumèku | ingandikan marêk ing ngarsi | majêng saha mangrêpa | manêmbah andhêku | naranata ris ngandika | lah ing ngêndi arimas gone abaris | matur radèn apatya ||
23. wontên Sanggung ari paduka ji | pangajêngipun agêpuk praja | sabèng piji pacalange | praja dalêm kinêpung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | kabèh wadya ngundhangana | lamun isun arsa nindaki pribadi | ing yudane
--- [f. 410r] ---
ari mas ||
24. sigra nêmbang tengara dyan patih | bêndhe tinêmbang munya angakang | gong bèri umyang syarane | punang tambur gumuruh | wus siyaga sagung prajurit | miwah bala Wêlănda | sadhiya akumpul | sang nata ngrasuk busana | wus samêkta sagunging para prajurit | mundur para biyada ||
103. Durma
[Wadya Kalagan mengsah jurit lawan wadya Kartasura. Wadya Kalagan kawon, lajeng makuwon ing Kuwel. Sunan Ngalaga sumuyud dhateng sunan Mengkurat.[63]]
1. tinêtêgan budhal sagunging gêgaman | lir ombaking jaladri | busananing wadya | kadi prawata sêkar | tanapi wadya Kumpêni | alêlumbungan | Bugis prasamya ngarsi ||
2. pra dipati pasisir pangawat kiwa | kanan măncanêgari | wadya Kartasura | ngraksa wurining nata | jawining praja wus prapti | Jabung ran desa | ayun-ayunan jurit ||
3. sigra mangsah wadyabala ing Kalagan | angamuk galong pipis | tandangnya lir yaksa | sura manggih ing rana | wong Kartasura nadhahi | samya sudira | rame têmpuhing jurit ||
4. wong Kalagan binendrong sênjata kathah | Kumpêni kang ngêdrèli | gurnating Wêlănda | lir gêlap asauran | tiktak palayangan muni | barung sinapan | mimis kadya gurimis ||
5. anungkêbi pasisir măncanêgara | saking kanan lan kering | bubar ingamukan | dening wadya Kalagan | angusi baris Kumpêni | Prabu Mêngkurat | duk arsa angawaki ||
6. Kyai Bicak tinabuh munya angakang | mangsah sri narapati | saha [sah...]
--- [f. 410v] ---
[...a] wadyabala | gêlar anyupit urang | ing dhadha wadya Kumpêni | măncanêgara | bêbau myang pasisir ||
7. pra dipati Kartasura sêsungutnya | sarêng ramening jurit | rusak wong Kalagan | lir karubuhan arga | Prabu Ngalaga gumisir | mundur lolonan | wadyanira giniring ||
8. ikang brana sadaya kinèn abêkta | èsmu kasapih latri | mundur sewang-sewang | musuh kalawan rowang | Prabu Mêngkungrat tumuli | kondur ngadhatyan | sawadyanya gêng alit ||
9. Natèng nglaga ing Kuwêl pakuwonira | nging maksih pacak baris | prayêtna ing baya | nahan kang kawuwusa | kang manjing ing dalêm puri | Prabu Mêngkungrat | Urawan dèn timbali ||
10. praptèng ngarsaning nata ris angandika | hèh Urawan sirèki | dèn bisa mong duta | ipukên adhi êmas | aja gawa batur siji | nglugasa raga | poma dèn kêna bêcik ||
11. gya Urawan nêmbah lèngsèr saking ngarsa | praptèng wisma glis salin | tan mawi curiga | ngage samya momohan | kulambi cara pangarit | lampahnya egal | prapta Koripan dèsi ||
12. sarêng gumrah syarane wong pabarisan | wayah wus madya latri | Dipati Urawan | pitêkur pigir jurang | ngantosi wêdaling rawi | arsa banjura | ing dalu lakung watir ||
13. upami sun angantia siyang pisan | iya uga kuwatir | bok ana kang wikan | wong Kalagan maring wang | cinêkêl winêstan têlik | sun pinatenan | kandhêg jawi pribadi ||
14. wantuni[64] wong
--- [f. 411r] ---
musuh tan kêna sêsambat | nora katur ing gusti | pangunadikannya[65] | Ki Urawan mêngkana | sawêngi gung mêlik-mêlik | nèng pigir jurang | tatas ing wayah enjing ||
15. Ki Urawan marêpêki pabarisan | mamor lawan pakathik | anuju kapanggya | lan wong gamêl dalêman | Urawan dipun takoni | rika wong apa | tarampil anauri ||
16. manirèki gamêle Ki Tambakbaya | mêntas pinala kami | arsa asingidan | milu marang ing rika | yèn riki ana ing jawi | măngsa wurunga | kêtêmu dèn gitiki ||
17. gamêl dalêm angrês atine lingira | iya miluwèng kami | kinèn gawa dhadhak | malêbèng pasanggrahan | marêngi Sri Narapati | Ngalaga têdhak | amariksa turanggi ||
18. Ki Urawan kapita mulat ing nata | marêpêki aririh | praptèng ngarsa nata | mangrêpa ing suku sang | mangusapi lêbu nangis | dhuh gustiniwang | kang abdi lir wong ngipi ||
19. naradipa kagyat dènira tumingal | tan pangling yèn Sumêndhi | abdine kang raka | dadya ris angandika | bageya sira Sumêndhi | apa wadinya | prapta ing ngarsa mami ||
20. liwat rusak ragane sira kadukan | ing kakang êmas aji | Urawan manêmbah | matur awor karuna | taha kadukana gusti | dhatêng rakendra | ingutus tur prayogi ||
21. suka ikang abdi dhumatêng pralaya | tan sagêd anglampahi | yèn anggèr awèta | lawan karsa lan raka | mandah ucape sabumi | ratu
--- [f. 411v] ---
amănca | ngèsêman nyênyabari ||
22. lan malihe tan angeman ikang wadya | rusake tanah Jawi | sitên kang kelangan | tur kasêbut ing nistha | gusti paduka pribadi | lan raka tuwan | sinêmbah sa-rat Jawi ||
23. yêkti ikang angemana jêng panduka | lan raka paduka ji | rusaking rat Jawa | yèn istu padukarsa | agèr jumênêng nrêpati | pênêd panggiha | lan raka paduka ji ||
24. sênggruk-sênggruk panangisira Urawan | yèn tan kadhahar gusti | aturing kawula | lêhêng pinêjahana | datan sagêd anglampahi | magung ayuda | kawula lawan gusti ||
25. Natèng Nglaga aris wijiling wêcana | wus mênênga Sumêndhi | apa tinangisan | sun turut aturira | aturêna sêmbah mami | maring kangêmas | lan galap gampil mami ||
26. Ki Urawan umatur nuhun lênggana | yèn suwawi lan gusti | paduka putusan | dhumatêng Kartasura | atur surat ing raka ji | dening kawula | benjing sarêng lan gusti ||
27. dados datan tinaha driya narendra | punika yèn suwawi | sang nata ngandika | hèh Kalêng adadana | sun duta manjing nêgari | ngaturna surat | ingsun ing kakang aji ||
28. Dêmang Kalêng sampunnya tampi pusaka | lèngsèr saking ngarsa ji | lampahira sigra | tan kawarna ing marga | gancanging carita prapti | ing Kartasura | ing alun-alun nganti ||
29. risêdhêngnya nata miyos sinewaka | pêpêk pugawa mantri | Dêmang Kêlêng sigra | mring Radèn [Ra...]
--- [f. 412r] ---
[...dèn] Nrangkusuma | lajêng katur ing nrêpati | wus ingandikan | marêk saha tur tulis ||
30. gya pinundhut sêrat dhatêng sri narendra | sigra rahadèn patih | surat tinampanan | katur nata ngandika | wong apa dutane adhi | caraka nêmbah | amba mantri Pamijil ||
104. Mijil
[Sunan Ngalaga katuran rawuh dhateng Kartasura. Sunan Mengkurat panggih kaliyan sunan Ngalaga.[66]]
1. dyan winaos sinukmèng ing ati | atur sêmbahnya wong | ri ta narpa Prabu Ngalagane | kaatura ing kakang mas aji | ikang angranggoni | winarja winangun ||
2. ulun angaturkên pati urip | sumăngga rèh katong | igih saking sangêting kasupèn | yèn adarbe panêmbahan yakti | gêgênti rama ji | igih kadang sêpuh ||
3. dununging sêmbah ikang sayêkti | sumăngga wak ingong | kinurêbêna ing abahane | igih datan suwala ing kapti | nadyan pati urip | sumăngga rèh prabu ||
4. tyasira sang lir pendah jinait | kantu gènnya maos | dadya ngandika ing pêpatihe | undhangana wêdananing mantri | sun arsa nindaki | mapag arinisun ||
5. dutanya wus ingaturan tulis | tampi awotsinom | Dêmang Kalêng lèngsèr sing ngarsane | lampahira tan kawarnèng margi | ing Kuwêl gya prapti | tumamèng ing ngayun ||
6. Dêmang Kalêng ngaturakên tulis | wêwangsule katong | wus tinampan binuka surate | pèngêt ikang bêbukaning tulis | têkaa mring adhi | salam donganisun ||
7. wiyose sira ngaturi tulis [tuli...]
--- [f. 412v] ---
[...s] | wus katur maringong | sun tupiksa ubayane kiye | isun liwat tarima ing ati | dening sira prapti | ing Soma sun pêthuk ||
8. titi têlas ubayaning tulis | sukèng tyas sang anom | dening raka dahat prasêtyane | Ki Urawan nulya dèn timbali | sinungan upêksi | suratirèng prabu ||
9. wadya Kalagan ngundhangan sami | ambakoki[67] waos | datan wontên sawalèng karsane | tan kawarna lamine gya prapti | ing Soma winarni | sang natarsa mêthuk ||
10. wus siyaga sagunging dipati | gumêrah punang wong | pra pugawa magêlaran andhèr | para mantri samya nata baris | tanapi Kumpêni | gêgêng barisipun ||
11. miyos saking kadhaton nêrpati | lajêngira badhol[68] | asrang umyang gamêlan syarane | warna-warna gêgamanira sri | wus prapta ing Piji | wadya kang pangajur ||
12. praptèng Sagung[69] lampahnya nrêpati | gumêrah punang wong | gènnya kandhêg anèng loring lèpèn | nata sigra nimbali kang rayi | mantri kang tinuding | kang ngandikan gupuh ||
13. budhal saking ing Kuwêl narpati | sawadyanya galong | waos binongkok mugèng ngarsane | pêrtandhane yèn nukul nêrpati | Urawan tan kari | kang dadi pangimur ||
14. tansah mugèng ing ngarsa lumaris | samargi tan adoh | tan kawarna ing marga lampahe | pangarsane ing Sagung[70] wus prapti | Kadhokngorèk muni | asauran umyung ||
15. nulya prapta ing Sagung[71] nrêpati | campuh sapandulon | Prabu Mêngkurat tumêdhak age | saking
--- [f. 413r] ---
turăngga mêthuk ing rayi | Natèng Ngalagèki | tyasnya rangu-rangu ||
16. dening kang raka cara Wêlandi | busana sang katong | ing sakala asalah tampine | wadyanira kinêjepan aglis | samya anatasi | bêbokokanipun ||
17. wadya sami sakala arakit | gègèr kang lor kulon | samya angrakit sênjata age | Ki Urawan asru anayuti | mêngkul pada nangis | adhuh gustinisun ||
18. Natèng Ngalaga nèng kidul kali | kang raka nèng êlor | adangu winawas-wawas bae | tan asamar yèn raka sayêkti | gya nabrang ing kali | Urawan nèng ngayun ||
19. wus apêrêk ingawe kang rayi | gya sang prawiranom | cundhuk mangrêpa ngusya padane | Prabu Mêngkurat onêng kapati | dhumatêng kang rayi | jangganya rinangkul ||
20. muwah Pangran Panular ngabêkti | ngarsa pada katong | angandika nata mring patihe | sakèhe ikang para dipati | padha tura bêkti | marang arinisun ||
21. sasampunnya ngujung radèn patih | bupati kumrayok | atanapi pra sêntana kabèh | wusnya amral sung tabe anuli | kang para upêsir | atur tabenipun ||
22. sinêngkalan duk pagya[72] ing nguni | ri ta narpa katong | jaladri lang rêtune jagate |[73] datatita wus budhal sang aji | sri lampahing margi | tinon lir mêgatruh ||
105. Mêgatruh
[Sunan Ngalaga kaparingan kalenggahan lan gantos asma pangéran adipati Puger. Radèn Natabrata dipunperjaya déning sang prabu, amargi andadosaken prang cucuh sunan Ngalaga kaliyan sunan Mengkurat. Amral Hèlduwèlbèh wangsul dhateng Betawi.[74]]
1. nulya prapta nêgari ing Kartapurun | sang nata ngadhaton nuli | ikang rayi pan wus sinung [si...]
--- [f. 413v] ---
[...nung] | dalêm sarta sinung ligih | karya kalih èwu kang wong ||
2. sabên enjang ngandikan malbèng kadhatun | maksih jênênge sang aji | enjing sowan dalêm agung | tur uning ngandikan aglis | prapta ngarsa turnya alon ||
3. ămba punika kakang êmas duk karuwun |[75] anama nata sêsilih | Susunan Ngalaga ulun | yèn taksiha aran aji | dahat saru wuwusing wong ||
4. nata angling lah tarima yayi tèngsun | pangraksanira mring kami | tanah Jawi sra[76] kang duwe ku |[77] yèn rusak kelangan pribadi |[78] sira prapta suka tyas wong ||
5. apa dene kang pra dipati sadarum | lakung bungah sira prapti | kang rayi tur sêmbahipun | dyan lèngsèr prapta ing jawi | cundhuk patih kèn ngundhang wong ||
6. sagung wadya ing mêngko ta namanisun | Pangran Dipati Pugêr mami |[79] wus mari sun sêbut ratu | ingong wisma ing Kadingding | ing tuduhe kakang katong ||
7. Natabrata dèn têlasi mring sang prabu | dosanya gawe-gawèki | mring rayi têmah prang cucuh | Natabrata purwanya dhingin |[80] ikang gawe apadudon ||
8. datatita miyos sineba sang prabu | wus kapang kang Magêrsari | Priyantaka Sragêninipun |[81] dyah wadya angapit-apit | Nirbaya nèng ngarsa katong ||
9. Nyakragnyana Miji Kapilih Brajanalèku |[82] wong Wirabraja Wisamartèki |[83] Kartayasa sisihipun | Tanuastra pan asisih | Nutra lawan Mandhung kaot ||
10. Jagasura Judhipati gandhèk mantri nom iku |[84] Namèngyuda Singanêgari |[85] asisih [asi...]
--- [f. 414r] ---
[...sih] wong Martalulut | Patrayuda sisihnèki | Kanoman nèng ngayun kang wong ||
11. muguh ngarsi pra sêntana Anung-anung | wor wêdana jaba jro ndhèr asri |[86] Dyan Nrangkusuma nèng ngayun | Pangeran Pugêr anangkil | myang ari tan kantun mangko ||
12. Pangran Panular Arya Matawis ing ngayun |[87] Urawan Sindurêjèki | Wirawidigda atêpung | Mangkuyuda Natayudèki |[88] Kumpêni amral nèng ngayon ||
13. Amral Hèlduwèlbèh matur dhatêng ing sang prabu |[89] wus lami kula nèng ngriki | yèn sêmbada pamit ulun | kawula tuwan lilani | ămba nuhun mantuk ingong ||
14. lami-lami kathah dados ingon prabu | tanah Jawi sampun bêrsih | wus ênting sêsukêripun | kula nilari Kumpêni | ikang jaga ing sang katong ||
15. abdi panduka Kumpêni kang jagèng jêng prabu |[90] tigang atus kang Wêlandi | satugil kapitanipun | lopèrèsipun kêkalih | lutnanipun satu mako ||
16. angandika nata ya amral sirèku | ngong lilani sira mulih | lah têkakna tabenisun | mring kaki jendral Bêtawi | apa dening opah ingong ||
17. kalêbua tulis nagri Carbon iku | lan desa Prayangan kabih | wusnya têlas wêling prabu | kondur manjing dalêm puri | amral dandan gêpah tinon ||
18. enjing amral budhal mulih sawadyèku | mung kari kapitan siji | wong Kumpêni tigang atus | kang kari jaga nrêpati | nèng Kartasura di kaot ||
19. wong pasisir bang kulon mulih sadarum [sadaru...]
--- [f. 414v] ---
[...m] | kawarna lampahing tulis | amral praptèng Sêmarang nêngguh |[91] ya ta tan mangkat tumuli | rêrêb tigang tra makuwon ||
20. milanipun kong mrêgil tigang dalu |[92] nalika gon badhe loji | Sêmarang jinajah uwus | badhe pagenan[93] Kumpêni | loji besuk dènnya andhok ||
21. nyaosi Kumpêni yèn gilir jaga sang prabu |[94] kaprayoganing Sêmawis | wus pinadik ênggènipun | wus budhal amral tumuli | wus kapungkur Sêmarang gon ||
106. Pangkur
[Raja Namrud ing Salinga Toyamas ngraman. Natayuda lan Mangkuyuda kadhawuhan numpes kraman ing Salinga. Raja Namrud angemasi.[95]]
1. sapraptanira muara | wus anumpak palya sagung Kumpêni | muwah Ambon Bugis Wangsul | samya numpak ing palya | babar layar tan kawarna solahipun | kocapa Prabu Mêngkurat | ing Soma miyos tinangkil ||
2. pêpêk wadya Kartasura | tăndhamantri dêmang răngga ngabèi | myang arya para nung-anung | Dyan Arya Sindurêja | Kya Urawan Wirawidigda nèng ngayun | Makuyuda Natayuda | tanapi sêntanèng aji ||
3. Rahadèn Anrangkusuma | tur uninga dhatêng sri narapati | atur uninga pukulun | nênggih dhukuh Salinga | watên madêg nata juluk Raja Namrud | sumăngga karsa narendra | mênawi agêng ing benjing ||
4. pun Toyamas tur uninga | winatawis kalih èwu kang baris | kilèn Toyamas wus suyud | seba dhatêng Salinga | sri bupati pangandikanira asru | Mangkuyuda timbalana | lan Natayuda apatih ||
5. kalih sarêng tinimbalan [ti...]
--- [f. 415r] ---
[...nimbalan] | Makuyuda Natayuda ngabêkti | angandika sang aprabu | ngluruga mring Salinga | ana kraman ajêjuluk Raja Namrud | tumpêsên sabrayaneka | mangkata sadina mangkin ||
6. kalih sami apranata | gya umangkat sawadyanya lumiring | sa nata anulya kondur | malêbèng Dhatulaya | kawarnaa Mangkuyuda lampahipun | ing Kêdhu pan kamarganan | wadya ing Kêdhu kinêrig ||
7. wusnya kumpul barisira | nulya bubar ing Toyamas dèn jogi | wong Panjêr Ngayah wus kumpul | Pamardèn lan wong Rema | pan sadaya kinarya cucuking laku | wus praptèng dhukuh Salinga | anulya kinêpung wani ||
8. wong Salinga sampun wikan | nulya matur ing rajanira aglis | gya ngundhangi wadyanipun | wusnya kumpul sadaya | awêtara gêgamane kalih èwu | samêkta gêgamanira | mangsang[96] umbul-umbul waring ||
9. sadaya ngagêm têrantang | kang sawanèh ana-ana angagêm êncis[97] |[98] wong Kêdhu surak gumuruh | Raja Namrud sanega | kang pinundhi Pangran Mamênang puniku | kang arsa jinunjung nata | Ki Namrud ikang ngrosani ||
10. aparentah maring wadya | tamakêna pangyasanisun iki | măngsa kongsia prang cucuh | lan aja sira samar | duwe guru pêpundhèn marang ing tèngsun | sêksana angambil mêrang | sagêgêm sinêbar aglis ||
11. sakala dadi gêgaman | pangrasane wadya lit aningali |
--- [f. 415v] ---
agêgêng gêgaman agung | nanging Ki Mangkuyuda | Natayuda datan samar tingalipun | lamun pagawening[99] sulap | ing manah datan gumisir ||
12. sigra anêmbang têngara | asauran bêndhe kalawan bering[100] | wong Panjêr Ngayah wus nêmpuh | Mardèn Rema Banyumas | sarêng munya sênjatanira gumrudug | nusup wadya ing Salinga | pangamuke galong pipis ||
13. wong Banyumas kathah pêjah | wong ing Panjêr akèh mati dèn êncis | sawênèh ana kapupu | baunya kalih sêmpal | katarantang akèh dhongkah lambungipun | kang gêsang giris tumingal | mawur wadya rêbut urip ||
14. lir singa lodra mêmăngsa | wong Salinga pangamuke angukih | wadya Banyumas kalulun | sigra Ki Mangkuyuda | saha bala mangsah sarêng atêtulung | Natayuda sawadyanya | manêmpuh saking ing kering ||
15. kinarutug ing sênjata | wong Salinga sinawuran ing lêmbing | wong Kêdhu saya abubul[101] | lakung ramening yuda | awêsana wadya ing Salinga gêmpur | tumpês sakarine pêjah | lumayu arêbut urip ||
16. wanèh rêbut yayah rena | Raja Namrud kinarubut ing jurit | sinasog ing watang ganjur | sinabêt ing kumbala | nora pasah nanging bêbalunge rêmpu | ginitikan ing sanjata | Raja Namrud angêmasi ||
17. tinêmpuh sawadyanira | wong Salinga siji tan ana kari | kawarnaa sang abagus | sira Pangran Mamênang | dyan lumajar angusi ing wana samun | tan ana
--- [f. 416r] ---
ikang uninga | musna sira sang apêkik ||
18. gya kondur Ki Mangkuyuda | Natayuda saha wadya angiring | datan kawarna dalagung | ing Kêdhu masanggrahan | enjing budhal tan kawarna lampahipun | praptèng nagri Kartasura | katur ing sang sri bupati ||
19. sasolahira ayuda | atanapi bêboyongan pawèstri | katur mring nata sadarum | muwah ikang jarahan | rajabrana gêgaman sadaya katur | Makuyuda Natayuda | ginanjar lir gula milir ||
107. Dhandhanggula
[Kapitan Mur kagungan putra angkat nami Untung. Untung kakunjara. Kumpeni kabiyantu wadya Ambon, Bugis, Makasar lan Sumbawa badhé mengsah jurit lawan Untung wonten ing bètèng Alang-alang.[102]]
1. nênggih wontên kawarnaa malih | Kapitan Êmur ing Batawiyah | adarbe têtukon lare | lagya mur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | apêkik warnanira | Kapitan Mur iku | salaminira atumbas | rare iku kapitan untunge prapti | dagang myang luguhira ||
2. migah mayor nuli komasaris | tan alami mugah èdlèr rolas | padagange kyèh untunge | dadi sugih kalakung | angluwihi ing sami-sami | Èdlèr Mur duk sêmana | rumasa ing kalbu | yèn rare kang sinung bêgja | wus ingakah[103] anak sinungan kêkasih | Ki Untung wastanira ||
3. sakarsanira dipun turuti | lintang ingugung wus lama-lama | diwasa akèh umure | mêpêg birainipun | sira Èdlèr Êmur winarni | darbe atmaja nyonyah | warnanira ayu | sêdhênge birai priya | sinadulurakên [si...]
--- [f. 416v] ---
[...nadulurakên] lan Ki Untung sigih | datan sah sanalika ||
4. nanging nyonyah rêmêne kapati | mring Ki Untung dadya lama-lama | wantu sami biraine | dadya alambang santun | pawèwèhe lir banyu mili | barang panjalukira | Ki Untung pan sinung | nanging Ki Untung sêmana | datan arsa asimpên dunyaning rèki | kinarya prasanakan ||
5. igih samya pudhaking Kumpêni | pinarsanak anggung winewehan | apa sukane atine | dunyanira Dlèr Êmur | ingulêran raina wêngi | nanging datan kinarya | kasugihanipun | winutahakên kewala | prasanake sadaya dipun tuwuki | lumintu sabên dina ||
6. pudhak Kumpêni samya wong Bali | wanèh Bugis ikang pinarsanak | mring Ki Untung lakung sihe | watawis wolung puluh | sadayane kang dèn bêciki | sampun samya katrêsnan | wanèh ana muwus | apa kang sun walêsêna | mring Ki Untung mênawa magiha kardi | sun walês lara pêjah ||
7. ing alama-lama dadya uning | Èdlèr Êmur dunyane kyèh ilang | amiyarsa yèn anake | kirda lawan Ki Untung | angulêri dunyane ugi | atmajanira nyonyah | kalakung ingugung | kacina gènira kirda | dyan cinêkêl Ki Untung dèn jêmalani | rinangkèt madya pêjah ||
8. datan arsa suwalèng ing kapti | asambat mentak ampun kewala | Èdlèr Mur angrês manahe | dhatêng apuranipun | sawusira alami-lami [alami-...]
--- [f. 417r] ---
[...lami] | tan mari polahira | nyonyah lan Ki Untung | duk sêmana wruh piyambak | Èdlèr Êmur gènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||
9. gya cinêkêl mring Èdlèr Mur aglis | liwat gusar Ki Untung sêmana | tinaruku[104] blokan gêdhe | nyonyahira dèn sapu | ya ta wau ikang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | lakung kawlasayun | pan akathah rowangira | nèng bêlokan sawidak kathahing rèki | sawusnya lama-lama ||
10. sira Untung lingira amanis | mring sakèhe wong anèng bêlokan | sanak-sanak isun kabèh | paran ta dayanipun | nora nana kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rewangnya sumaur | hèh Untung pangucapira | kamangkara dening kang bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||
11. tur kinunci Kumpêni jagani | paran baya ênggone apolah | Ki Untung alon dêlinge | mênawa na pitulung | sihira Yyang Sukma ring dasih | barang kuwating titah | têka ing Yyang Agung | rewange tuwa angucap | sira iki Ki Untung liwat kumaki | sun iki kang wus tuwa ||
12. nèng bêlokan wus sumadya[105] sasi | lawan isun nora mangan-mangan | sumandene-sumandene | tan bisa ucul isun | sira bocah pêksa guna di | muga Bathara Krêsna | tiwikrama tuhu | ing ajur-ajèr tan kewran | sira bocah angucap apêksa luwih | mulamu [mula...]
--- [f. 417v] ---
[...mu] nèng bêlokan ||
13. sira Untung mèsêm anauri | isun nora rêmbug lawan sira | pikir lan wong akèh kiye | sasukane atimu | kudu dhêmên dèn bêlok wêsi | liyane têkèng sira | kang sun ajak rêmbug | kabèh sanak-sanak iwang | yèn anaa iya kang bisa nguculi | apa karêpe samya ||
14. wong akathah samya anauri | yèn ucula Untung saking sira | sanak-sanakira kabèh | apa rèhira anut | nadyan silih ngamuka loji | alah mati bêlokan | Ki Untung gumuyu | sarwi ngunus sikilira | sampun ucul saking ing bêlokan wêsi | cingak wong sabêlokan ||
15. têtarungkon wong sawidak kalih | inguculan wus ucul sadaya | amung wong siji kang maksèh | kang nyênyampahi wau | nulya sagung kang ucul sami | aris dènira ngucap | mring sira Ki Untung | lah ta paran karsanira | dening uwis ucul marga ing sirèki | mêngko apa rèhira ||
16. Ki Untung alon dènira angling | karsanisun angamuk Wêlănda | paran karêpira kabèh | kang wong sadaya muwus | nadyan silih ngamuka loji | kabèh nora sumigah | ing karsaning rèku | mung upayakna dadanan | lan maninge golèkna sêsarap dhingin | dimone padha kuwat ||
17. sira Untung lingira amanis | yèn mêngkono lah padha karia [ka...]
--- [f. 418r] ---
[...ria] | sun lunga sadhela bae | risaksana Ki Untung | lawang gêdhong dinêdêl wani | kuncinira malêsat | Ki Untung gya mêtu | cinatur kala sêmana | ngandhut patrêm tapak gêdhene sanyari | sapraptanirèng jaba ||
18. kang ajaga pinatrêm wus mati | gumaledhag tan kongsi mindhoa | kunci wus pinasang manèh | Ki Untung nulya laju | prasanake dipun ulati | tan asuwe sêmana | kêkalih katêmu | gupuh samya rêrangkulan | sanakira karo muwus awor tangis | paran ta polahira ||
19. salawase sira nandhang sakit | manirarsa têtilik tan bisa | mêngko wus katêmu kene | payo sun gawa mantuk | wus lumampah Untung tut wuri | prapta ing wismanira | sanakane gupuh | sadaya wus pinajaran | yèn Ki Untung prapta arsa apêpanggih | sanake agya prapta ||
20. sarêng mulat samya ngrangkul nangis | sira Untung alon wuwusira | sanak-sanak isun kabèh | aja na milu mringsun | wangsanira samya nauri | yèn ana karsanira | kang mawa pakewuh | nadyan tumêkènga pêjah | sanakira kabèh padha anglabuhi | malês ing kabêcikan ||
21. sira Untung wuwusira aris | sun tarima kabèh sanak iwang | sun jaluk gêgaman bae | lan isun jaluk sêkul | lawan kinang kang sarwa mandi | lan sira atêrêna | isun nuli wangsul | sigra pawong sanakira | agawani kêris pêdhang lawan cundrik | myang
--- [f. 418v] ---
waos cêcêndhêkan ||
22. wus binêkta mring sanakira glis | gya umangkat Ki Untung asigra | têtiga kang ngatêrake | siji agawa sêkul | gawa gamanira wong kalih | sêmana wayahira | lagya pukul wolu | duk Ki Untung wêdalira | pukul nênêm lampahira aglis prapti | pêrnahing pabêlokan ||
23. sarêng ikang gilir jaga prapti | Kumpêni satu ingatêr kopral | saksana Ki Untung age | anarik patrêmipun | tinarajang siji ngêmasi | koprale arsa mêndhang[106] | gya pinatrêm lampus | lawanging gêdhong binuka | samya mêdal wongira sadaya aglis | berag ing tyas sadaya ||
24. nulya sadaya kinèn abukti | kumarayok wong sawidak dhua | sawusnya amangan kabèh | parastranira[107] dinum | ana ikang amilih cundrik | ana amilih pêdhang | wanèh milih dhuwung | ana tumbak cêcêndhêkan | wusnya jangkêp sadaya angati-ati | tinata barisira ||
25. ya ta wontên wong tuwa sawiji | agarit lêmah sarwi angucap | hèh Untung manira mangke | lamun Kumpêni rawuh | yèn lungaa têka ing garit | gèn isun mapag ing prang | nêdyaa lumayu | dudu anaking manusya | anak anjing sapa kang tigal ing garit | bunuhên têkèng wutat ||
26. ya ta lutnanira kang winarni | ngarsa-arsa kang jaga bêlokan | suwe tan têka koprale | wasana dipun susul | sarehane[108] ikang lumaris | praptaning pabêlokan [pabêlo...]
--- [f. 419r] ---
[...kan] | kagyat dènnya dulu | jaban gêdhong binarisan | gêdhong mênga kang jaga têtiga mati | sareyan gya lumajar ||
27. bilang maring lutnanira aglis | katur maring Rat Pêni[109] sadaya | gupuh amukul tambure | wadya Kumpêni kumpul | sabêrgada sigra lumaris | prapta gêdhong bêlokan | Kumpêni akêpung | yitna Ki Untung saksana | angabani ing rowang anêmpuh wani | ngamuk sarêng asurak ||
28. binarondong ing bêdhil tan gisir | wong sawidak sarêng ngamuk rampak | Kumpêni akathah longe | kuwêl dènira tarung | mati bêdhil tan bisa muni | caruk pêdhang curiga | tandangnya Ki Untung | lir banthèng atawan brana | sarowangnya Kumpêni ingayok wani | tumpês kang sabragada ||
29. nanging wuri Kumpêni kèh prapti | pangêdrèlira lir gunung rêbah | Ki Untung risak rowange | sapalih ikang kantun | ngamuk kuwêl pêdhang lan kêris | Kumpêni akèh pêjah | ing wuri kyèh rawuh | Ki Untung rewangnya têlas | kaurugan ing mimis kadya dèn soki | tumpês kari prayoga[110] ||
30. Untung rinêbut ing ngarsa wuri | ikang cêlak pinatrêm palastra | jrih kinandhang-kandhang bae | saking loji wus mêtu | saparane dipun petari | mring Bètèng Alang-alang | panyalimpêtipun | Kumpêni wus katingalan | duk ingosak-asik tan ana kapanggih | wadya Kumpêni bubar ||
31. wus misuwur nêgara Batawi | yèn Ki Untung ucul [u...]
--- [f. 419v] ---
[...cul] sing bêlokan | angamuk kabèh rowange | wong sabêlokan ucul | ngamuk tumpês awor Kumpêni | titrim wong sanêgara | wau kang winuwus | Ki Untung gènnya singidan | anèng Bètèng Alang-alang tigang latri | laminira singidan ||
32. nulya malih mêdal ing nagari | angulari pawong sanakira | nanging amamor lakune | sapraptaning prajèku | wong sanake akèh kêpanggih | Ki Untung tinangisan | kabèh nêdya milu | sakèh pawong sanakira | pangucape sun milu sabaya pati | malês bêcikanira ||
33. tigang dasa ikang milu dhingin | dalu angkate saking nêgara | tan liru sagêgamane | Bètèng Lang-alang rawuh | nulya karya ênggon miranti | ing sabên dina prapta | pawong sanakipun | kalih tiga myang sakawan | lama-lama tutur-tinuturan sami | sakèh wong sanêgara ||
34. kang satêngah ana ngait-ait | duk sêmana Wêlănda akathah | ikang kelangan pudhake | migat têtukonipun | Untung ikang winarna malih | nèng Bètèng Alang-alang | ngalumpuk wong satus | samêkta gêgamanira | kacarita Bètèng Alang-alang nênggih | sêmana maksih wana ||
35. pan sakeca gènira miranti | Untung lawan wong satus rowangnya | kang ngambilakên pangane | iya amung Ki Untung | wira-wiri marang nêgari | amamor tan karuhan | sêmana cinatur | yèn kala miyang nêgara | sawêdale patrême [patrê...]
--- [f. 420r] ---
[...me] tapak tinarik | winor suruh candhikan ||
36. yèn kapapag Wêlănda satugil | myang kêkalih ginêbyok kewala | ing suruh candhikan bae | sabên-sabên kapêthuk | wong Kumpêni kinêbyok mati | yèn wayah wusing ngasar | titrim ing marga gung | ing sabên dina mêngkana | lawas-lawas kawruhan maring Kumpêni | Ki Untung solahira ||
37. pinarantèn marang ing Kumpêni | yèn ing wayah têngah pukul lima | binarisan ing margane | andhêdhêp tan kadulu | pinakanan Wêlănda siji | Ki Untung duk sêmana | apan nuju lakung | saking sajroning nêgara | aningali Wêlănda siji nèng margi | sigra sinabêt sêdhah ||
38. kapisanan kang baris udani | sigra mêdal Ki Untung lumajar | binarondong bêdhil akèh | cinêgat ngarsanipun | Untung mingêr lampahira glis | saking kering narajang | kang kinêbyok suruh | anêmpuh bari lumajar | wong Wêlănda rolas ikang angêmasi | kopralipun satugal ||
39. gumurudug Kumpêni bêdhili | abêbujung saparan-parannya | prapta Ngalang-alang Bètèng | rowangira Ki Untung | amiyarsa syaraning bêdhil | tri mêdal sing pagonan- | nira duk andulu | Wêlănda akèh kang prapta | ambêbujung Ki Untung dipun bêdhili | wong satus sarêng mêdal ||
40. ngamuk rampak wong satus angukih | tandangira lir bajo ngajawa | Kumpêni akathah longe | tumpêsan ikang kantun | mung têtiga lumayu gêndring | dening wau kang pêjah | sawidak gungipun | kang lumayu mring
--- [f. 420v] ---
nêgara | sapraptane matur ing para Rat Pêni | katur durnadur jendral ||
41. yèn Wêlandi kathah angêmasi | Untung baris Bètèng Alang-alang | sampun akathah rowange | tan kawarna ing dalu | enjing nulya amêpêk baris | Ambon Bugis Makasar | Sêmbawa Lumayu | gêgaman awarna-warna | nulya budhal amral kang kinèn nindhihi | lawan mayor sakawan ||
42. asrang gumêrah tamburnya muni | surak bakilung wadya Makasar | datan kawarna lampahe | Bètèng Lang-alang rawuh | kawuwusa Ki Untung malih | myarsa Kumpêni prapta | tari ngrewangipun | sagung pawong sanakira | aprajangji prasêtya barêng ngêmasi | tan nêdya nulyèng wutat ||
108. Pangkur
[Wadya Kumpeni mengsah jurit lawan wadyanipun Untung. Untung ngungsi dhateng Cirebon, lajeng kaparingan nama Surapati déning sultan Cirebon. Untung Surapati badhé suwita dhateng Kartasura.[111]]
1. wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung sanega nata baris | amral angabani magut | sigra Kumpêni mangsah | syarani[112] kang sênjata lir prawata rug | pêtêng kukusing sundawa | Ki Untung aglis ngabani ||
2. ing rewang sarêng umangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | wadya Mêkasar anglambung | barêng sarowangira | ngobrak-abrik manêngah sarowangipun | Ki Untung lir singa lodra | sarowangnya galong pipis ||
3. ngiwad-ngiwud pangamuknya | wong Makasar tumpês akèh ngêmasi | Bugis Sêmbawa têtulung | brastha arang kang gêsang | wong Kumpêni ing wuri akathah rawuh | Ki Untung sarewangira | pangamuke wuru gêtih ||
4. tibaning mimis lir udan | sira Untung wignya pratamèng jurit | sangêting karoban musuh | lir karubuhan arga | awêkasan rowangira akèh
--- [f. 421r] ---
tatu | myang Kumpêni akèh pêjah | wangke asusun tindhih |[113]|
5. sadina dènira aprang | rewangipun Ki Untung akèh ngêmasi |[114] sawidak kèhe kang lampus | mung kari kawan dasa | sapih ikang yuda kasaput ing dalu | wadya Kumpêni sadaya | mundur mantuk mring nagari ||
6. Ki Untung kang kawarnaa | pagunêman sarowangnya ing latri | ana ikang rada sêpuh | Ki Umbul wastanira | alon mojar iya sanak-sanak isun | paran ta budine padha | kang wong sadaya nauri ||
7. tan ana adarbe rêmbag | saparane Ki Untung isun tut wuri |[115] mati uripa sun tumut | Ki Umbul alon mojar | mring Ki Untung yèn arêmbug pikir isun | yèn ta magunga ayuda | pira kuwatira iki ||
8. amusuh wong sanêgara | lamun rêmbag ing karsa lêhêng angusi |[116] Ki Untung alon sumaur | iya sakarsanira | ngêndi ikang prayoga ingusi iku | Ki Umbul alon angucap | ing Carêbon kang prayogi ||
9. Jêng Sultan Carêbon ika | bokmênawi wani igih ngukuhi | Ki Untung kalakung rêmbug | ing dalu gènnya budhal | anjog ngetan ngidul nagri ing Cianjur | wong kawan dasa tan pisah | nahan gantyaa kawarni ||
10. Kumpêni undure yuda | duk ing dalu Kumpêni angati-ati |[117] sadalu abaris tugur | anèng ing pintu bêsar | mriyêm tiktak pinasang dhêpaning pintu | ing dalu tan kawarnaa | ya ta kawarnaa enjing ||
11. gumêr kang tambur sauran | wus kinêrig sagung wadya Batawi | budhal syarane gumuruh [gumu...]
--- [f. 421v] ---
[...ruh] | wadya awarna-warna | praptèng Bètèng Alang-alang panggih suwung | amral amatah kapitan | ikang kinèn anututi ||
12. lan wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu ikang tinuding |[118] sigra lampahira darung | saha wadya sanambang | Mayor Bantêr kang dadya têtindhihipun | ngidul ngetan nut salasah | sadaya angati-ati ||
13. nahan gantya kawarnaa | lampahira Ki Untung sampun prapti | iya nêgara Cianjur | anulya ngalor ngetan | ing Carêbon ikang sinêdya ing kalbu | nahan ikang kawuwusa | Sultan Carêbon winarni ||
14. darbe abdi kinasihan | wastanira nênggih Ki Surapati | sultan kalakung sihipun | ingugung ngêla-êla | ingapura matèni tanpa dosèku | mêngkana Ki Surapatya | abêburu mring wanadri ||
15. bêkta wong satus rowangnya | sarta sikêp gêgaman pêdhang lan tamsir |[119] lêmbing sênjata lan tulup | lumampah mugèng ngarsa | lampahira ing wanadri sampun rawuh | araryyan pigiring marga | wong kang liwat prasamya jrih ||
16. wadya mugèng kering kanan | kawarnaa Ki Untung ikang prapti | Carêbon talatahipun | lumampah wanawasa | tan apisah sarowange patang puluh | kawarna Ki Surapatya | mulat ing wong ting kalicir ||
17. kang dèn iring lare pelag | Surapati angandika mring abdi | lah andhêgên kang lumaku | isun arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsanisun | kang kinèn sigra lumampah | angundang ikang lumaris ||
18. hèh bagus dika ngandikan | dhatêng radèn [ra...]
--- [f. 422r] ---
[...dèn] punika arsa pêpanggih |[120] Ki Untung anulya milu | tan adangu gya prapta | ing ngarsane Radèn Surapati wau | Ki Surapati lingira | têtanya wêcana manis ||
19. hèh yayi manira tanya | katambêtan sira wong têka ngêndi | muwah kang sinêdya kayun | sapa wêwanginira | gya Ki Untung alon dènira umatur | kawula wong Batawiyah | nênggih pudhaking Kumpêni ||
20. kesah kawula amigat | siniasat igih dhatêng Kumpêni | sêdya kawula ing kalbu | ngusi dhumatêng sultan | ing Carêbon mênawi sagêd angukup | ing wong papa kawlasarsa | kawula saèstu dasih ||
21. Surapati linging driya | rare iki sun wêtara ing ati | kaya wijile wong agung | dudu têrèhing[121] runcah[122] | sun wêtara solahe awor lan sêmu | yèn katura ing jêng sultan | sayêkti dèn karêmêni ||
22. dhasar gustinisun sultan | karêmane ing wong pêkik anglungid | lan kang watêk ambêk purun | upami ki katura | marang gusti pasthi yèn manira kantun | kalusur lênggah manira | dadya Surapati angling ||
23. hèh adhi peling manira | pan nêgara Carêbon iki cilik | nanging akêre kalakung | yèn sirarsa mring kutha | tigalana kêris tumbakira iku | kabèh lan sarowangira | aja na angago kêris ||
24. lamun nora mêngkonoa | pasthi nora bisa manjing nêgari | mara ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane kabèh
--- [f. 422v] ---
aturna maringsun | dening manira kang gawa | marang sira mring nêgari ||
25. Ki Untung lon wuwusira | dhatêng rowang sraha tumbak lan kêris | kabèh aja ana kantun | ingaturakên sultan | ja kuwatir nadyan pati urip isun | yèn pinundhut tan lênggana | mring gusti isun gendholi ||
26. wus samya katur sadaya | tumbak kêris ing Radèn Surapati | tinampan ing rowangipun | Surapati lon mojar | kari sira adhi kang durung barundhul | iya rowangmu sadaya | adhi wis padha srah kêris ||
27. Ki Untung alon turira | mung kawula agèr dika alimi | dening rowang kula sampun | barundhulan sadaya | mung kawula rahadèn andika tanggung | măngsa nêdyaa punapa | kawula wong ngusi urip ||
28. Ki Surapati bramatya | apa têmên sira tan asrah kêris | măngsa bêcika tinêmu | yèn sira tan awèha | awèh ora awèha manira jaluk | sira iki basakêna | mêndhak alingan kaèksi ||
29. apa nganti sun plaksana | isun gawa bêbandan mring nêgari | samyarsanira Ki Untung | ngadêg suraning nala | Untung mojar asêndhu tan awèh isun | yèn tan pêcat nyawaniwang | angèl uga kêris mami ||
30. lungane têka wak iwang | Surapati bramatya angêjèpi | ing wadya sarêng anubruk | Ki Untung glis malompat | sarya ngucap ing rowangira sadarum | padha sira lumayua [lu...]
--- [f. 423r] ---
[...mayua] | isun dhewe kang nagoni[123] ||
31. sigra rinêbut ing kathah | ana numbak nuduk mêdhang anamsir | Ki Untung kalakung têguh | tanna braja tumama | Surapati nindhihi wadya anggêrgut | sarwi ngêmbat-êmbat watang | Ki Untung datan gumisir ||
32. Ki Surapati sru mojar | alah mara kabèh wong batur mami | sasogên ing watang ganjur | wong siji găndra pira | urugana ing lêmbing kalawan busur | Ki Untung ngamuk manêngah | sing kaparag angêmasi ||
33. wong Carêbon giris mulat | tandangira Ki Untung gêgilani | lir singa londra[124] dinulu | tinumbak nora kêna | wong Carêbon akèh longe ikang lampus | kang kari mawut sadaya | tan ana kang măngga pulih ||
34. Ki Surapati lumajar | sêdyanira wêwadul dhatêng ing gusti |[125] ya ta kawarna Ki Untung | rowange akèh bubar | sapraptane rowange padha angrubung | wau uning polahira | Ki Untung dipun tangisi ||
35. sakathahing rowangira | samya ngucap mring Ki Untung ngrêmbugi | dawêg anyimpang ing laku | mênawa binalenan | dene ikang bêbegal punika wau | Ki Untung alon angucap | kang ora-ora sira ngling ||
36. isun wong nêdya raharja | ingsa Alah uga nêmu basuki | saksana laju Ki Untung | lawan sarowangira | kawarnaa Surapati kang lumayu | sapraptanirèng nêgara | lajêng tumamèng jro puri ||
--- [f. 423v] ---
37. jêng sultan lagya pinarak | Surapati prapta ngarsa wotsari | gupuh gènira umatur | kawula tur uninga | abdi dalêm gusti kathah ikang lampus | binegal anèng ing wana | dene ikang mêndhêt kardi ||
38. tiyang saking Batawiyah | maksih rare Ki Untung ikang wêwangi |[126] gusti ing mangke pun Untung | kêdah malêbèng praja | kandhêg margi watawis amba mèh rawuh | sultan aris angandika | mring gandhèk kinèn nimbali ||
39. gandhèk atur sêmbah mintar | tan kawarna lampahira nèng margi | Ki Untung nulya kapêthuk | nèng jawi galedhegan | alon mojar gandhèk dhumatêng Ki Untung | lah nêdha dika ngandikan | dening jêng sultan dèn aglis ||
40. Ki Untung matur sandika | gya lumampah sarowangnya angiring | kari jaba mung Ki Untung | masuk prapta ing ngarsa | manêmbah jêng sultan ngandika arum |[127] mulane sira sun undang | Untung maring ngarsa mami ||
41. isun arsa atêtanya | lah matura dèn sayêkti mring kami | praptamu nêgaranisun | apa kang sira sêdya | mangarêpa Untung atur sêmbahipun | gusti kawula punika | dhapur isun ngusi urip ||
42. jêng sultan aris ngandika | mring Ki Untung wêcananira amanis |[128] lah iya pira baturmu | Ki Untung atur sêmbah | igih amung kawan dasa kathahipun | sultan aris angandika | dhumatêng Ki Surapati ||
43. alane Si Surapatya | dahat dora ature marang
--- [f. 424r] ---
kami | durung ana luwangipun | iya wong catur dasa | yèn wania ambegal maring wong satus | dening ta sun êla-êla | ing têmah nyukêri |[129]|
44. lakung dukanira sultan | hèh wong gandhèk gawanên mêtu aglis | ya Si Surapati iku | srahna wong kajinêman | gya wong gandhèk sadaya sarêng anubruk | Ki Surapati binasta | ginawa mêdal sira glis ||
45. sinungakên kajinêman | Surapati anulya dèn suduki | anèng têngah ngalun-alun | Surapati wus pêjah | katur dhatêng jêng sultan yèn sampun lampus | Sultan Carêbon ngandika | marang Ki Untung amanis ||
46. hèh Untung isun wus wikan | sêdyanira aseba marang kami | angusi ngabdi maringsun | wus manira tarima | nanging isun Untung tan kêlar angrêngkuh | ing Carêbon iki uga | ginanjarakên Kumpêni ||
47. sira banjura mangetan | angusia mring Sang Raja Matawis | iya ika ratu agung | angrèh rat tanah Jawa | nadyan isun karèh ing Raja Matarum | kêlar ngukuhi mring sira | iya manira ngidèni ||
48. lan sira sun wèhi aran | jêjuluka sira Radèn Surapati |[130] lan pinasthi ing takdirmu | dadi satruning kopar | atur sêmbah Ki Untung kalakung nuwun | angaras pada mangrêpa | amit lèngsèr saking
--- [f. 424v] ---
ngarsi ||
49. sapraptanira ing jaba | rowangira sadaya dèn tuturi | Ki Untung alon amuwus | hèh sanak-sanak iwang | timbalane sultan maring awak isun | iya kinèn angusia | marang Sang Raja Matawis ||
50. jêng sultan nora kawawa | angukuhi marang ing awak mami | nanging dongane jumurung | sapolah tikah iwang | lan maninge isun sinungan jêjuluk | dening sultan ingaranan | isun Radèn Surapati ||
51. rewangnya sadaya suka | dening asal idine ratu mukmin | Radèn Surapati muwus | lawan isun winêca | dening sultan iya têdhak-têdhak isun | apadene raganiwang | dadi satruning Kuni[131] |[132]|
52. bapa Umbul sira kang tuwa |[133] aprayoga jêjuluka kêkasih | Bul Jaladriya namèku | lan ikang nuwangnana[134] | ing sakèhe sanak-sanakira iku | adadia pangidhêpan | kang wong sadaya nauri ||
53. abênêr karsane radyan | lamun kakang Umbul Jaladriyèki | dadi pamugarènipun | kang isun tuwa-tuwa | kabèh iki kakang dêrma alumaku | apa barang sarèhira | dening wus wikan ing wèsthi ||
54. lan radèn maksih taruna | yèn aluput dika ikang ngaturi | wusnya mangkat gya lumaju | mangkat saking nêgara | ngetan bênêr Surapati lampahipun | ing Têgal wus kaliwatan | ing Pamalang kang dèn jogi ||
55. nahan gantya kawuwusa | wong Kumpêni ikang samya nututi | kandhêg nêgara [nêga...]
--- [f. 425r] ---
[...ra] Cianjur | sampun amirsa warta | yèn Ki Untung ngalor ngetan larogipun | tan apisah rewangira | ya ta sagunging Kumpêni ||
56. ajrih nututana têbah | dening samya wruh tandangira jurit | duk sêmana pitung dalu | Kumpêni nèng Pasundhan | wong Pasundhan sadaya kinèn akumpul | nèng Cianjur bêbarisan | sakathahe para mantri ||
57. Kumpêni parentahira | barang ka wong liwat kinèn nitèni | yèn na wong jangkêp sapuluh | yèn tan mawi dagangan | kinèn nyêkêl mênawa iku Ki Untung | yèn wong liwat dudu dagang | pêpêtên kang mring Batawi ||
58. wadya Kumpêni wus bubar | mring Batawi kang kari pacak baris | wong Sundha Prayangan kumpul | baris anèng ing marga | yèn ta dèrèng karuhan gènnya Ki Untung | Kumpêni parentahira | aja bubarakên baris ||
59. nahan gantya kawuwusa | lampahira wau Radèn Surapati |[135] ing Pamalang gepakipun | prapta tanah Banyumas | raryyan dhusun ing Cibarang wastanipun | dhusun ing Cibarang ika | pêrtiginipun[136] kêkalih ||
60. nênggih sami kadangira | kêkasihè kang anom Saradênti | Saradênta ikang sêpuh | lakung anyuba-nyuba | mring têtamu wusnya jangkêp kawan dalu | sira Radèn Surapatya | sêmana apacak baris ||
61. angangkat akarya nata | Saradênta kalawan Ki Saradênti |[137] kang ingadêgakên ratu | sampun [sampu...]
--- [f. 425v] ---
[...n] anglar jajahan | kanan kering ing Ajibarang sumuyud | tan ana wani anglawan | marang Prabu Saradênti ||
62. yèn ana wong wani nglawan | gya ginêcak lêbur tan ana kari | dadya samya jrih kang kantun | wus andadi barisnya | amung kari jroning kitha dèrèng cundhuk | sira Tumênggung Toyamas | kang maksih anglawan jurit ||
63. baris sajroning nêgara | Ki Tumênggung panggah apacak baris | nèng Kali Jirak kêkuwu | wong sawetan Toyamas | Panjêr Rema Marêdèn barisnya agung |[138] Bul Jaladriya kawarna | ratune wus dèn pondhongi ||
64. maring salêbêting kitha | wus ngadhaton Sang Prabu Saradênti | Radèn Surapati wau | momong kang putra-putra | Bul Jaladri kang dadi mênggalanipun | wus agung dêdamêlira | mêngkana ikang winarni ||
65. wau Radèn Surapatya | abêbisik mring Ki Umbul Jaladri | aja kelangan sirèku | sun bapa arsa lunga | marang nagri Kartasura awak isun | Prabu Mêngkurat yèn arsa | angabdèkakên ing kami ||
66. dene iku ratu digbya | layak bisa ngukuhana mring kami | dening yèn wis kandêl isun | sira nuli sun undang | sanak-sanakira sêparo kang kantun | poma sira dèn prayêtna | yèn ana wong takon kami ||
67. apadene ratunira | lah warahên isun lunga anêpi | marang ing pasisir kidul |
--- [f. 426r] ---
nanging wêwêkas iwang | marang sira besuk yèn utusanisun | sarta gawa sisim iwang | ratumu cêkêlên aglis ||
68. sira gawaa bêbandan | Umbul Jaladriya aturnya aris | punapa rena sang bagus | igih dhatêng sandika | lingnya Surapati aja sira gupuh | gitik baris Kali Jirak | gitikên sapukur mami ||
69. sawusira apitungkas | nulya mangkat sira Dyan Surapati | wayahira têngah dalu | saking nagri Toyamas | datan kandhêg sawadyane kalih puluh | andarung lampahe ngetan | samargi angaji krami ||
70. asring mampir padhusunan | Surapati aji tatakrami |[139] sandine anjaluk sêkul | ngingoni ing rowangnya | dadya randhat lampahe samadya tèngsu | datan kawarna sêmana | praptèng nagri Kartawani ||
71. Surapati sarowangnya | rangu-rangu sipêng anèng ing Piji | gènira angaji tutur | wong majing[140] ing nagara | sêsikune lan malih ikang jinujug | kang aglis katur ing nata | wus atas dènira ngaji ||
72. kinèn marak radèn patya | yèn andika arsa katur ing aji | punika marga kang agung | Radèn Anrangkusuma | kêkasihe pêpatihe kang sinuhun | dawêg isun kang ngatêrna | sang anom sigra lumaris ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.38. (kembali) |
2 | ambêbujung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.38, Pupuh 96.2.8). Bandingkan: anêlika (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.2.8; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 173.2.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.2.8). (kembali) |
3 | Lodhaya (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.4.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.4.10). (kembali) |
4 | smu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.38, Pupuh 96.7.6). (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: jêngandika ngandikan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.8.6); dika kakang ngandikan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.8.6). (kembali) |
6 | nanggung (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.40, Pupuh 96.26.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.26.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.26.3). (kembali) |
7 | siniwèng (dan di tempat lain) (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.29.5). (kembali) |
8 | Gatra ke-6 (7a) ini tertulis dua kali. (kembali) |
9 | sabda (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.42, Pupuh 96.42.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.42.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.42.5). (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kawarnaa wus surup Hyang Arka (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.51.2); kawarnaa wus surup kang surya (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.51.2). (kembali) |
11 | datan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.43, Pupuh 96.51.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 29.51.4). Bandingkan: dagan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 119.51.4). (kembali) |
12 | Catatan: nga lelet dan pepet. (kembali) |
13 | Sinuhun. (kembali) |
14 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.44. (kembali) |
15 | Pangeran (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.44, Pupuh 97.7.1). (kembali) |
16 | Amangkurat (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 30.8.2). (kembali) |
17 | andulu-dinulu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.46, Pupuh 97.32.6). (kembali) |
18 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.48. (kembali) |
19 | Sêmawis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.49, Pupuh 98.12.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.12.5). Bandingkan: Samawis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.14.5). (kembali) |
20 | Tanggal: Buda (Rêbo) Pon pitu (7) Saban (Ruwah) Alip: tri sirna rêtuning jagat (AJ 1603). Tanggal Masehi: Senin 2 September 1680. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1603, hari Rêbo Pon jatuh pada tanggal 16, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Rêbo Pon 16 Ruwah AJ 1603 (Rabu 11 September 1680). Lihat juga: jatha sirna rêtu bumi (AJ 1603) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.15.9); mantri sirna rasaning rat (AJ 1603) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 121.13.8). (kembali) |
21 | sêsuruhane. Bandingkan: anuruti suruhane (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.22.3). (kembali) |
22 | kanthi (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.50, Pupuh 98.27.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 121.27.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 31.27.5). (kembali) |
23 | Sanggung. Bandingkan: Dêlanggu (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 121.50.1); Dalanggu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 1.46.1). (kembali) |
24 | lohor. Bandingkan: luhur (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.52, Pupuh 98.46.2). (kembali) |
25 | Mandhasiya (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.52, Pupuh 98.46.5). (kembali) |
26 | Tanggal: Anggara Kasih (Slasa Kliwon) sangalas (19) Muhkharam (Sura) Êbe (Be): warna sirna pandhitaning jalmi (AJ 1704). Tanggal Masehi: Selasa 17 Februari 1778. (kembali) |
27 | Pada halaman f.398v ini terdapat wadana rêngga (frontispiece) yang mirip dengan wadana rêngga di awal naskah ini. Tetapi, berbeda dengan awalnya, wadana rêngga ini hanya terdiri dari dua gatra yang merupakan bagian akhir dari bait 47 sebelumnya. Sepertinya, penyalin bermaksud untuk mengakhiri cerita, mengingat pada bait 46 ditulis "titi tamatira duk tinulis" (akhir tulisanku) lengkap dengan tanggal dan sangkalanya. Walaupun demikian, setelah dua halaman kosong (f.399r dan f.399v), cerita ini dilanjutkan. Mungkin sebagai koreksi dari rencana untuk mengakhiri cerita ini, pada halaman f.400r sebagian dari halaman f.398r (Pupuh 98.42.6 sampai dengan Pupuh 98.45) ditulis ulang, dan bait-bait yang diulang ini tidak termasuk bait penutup (46–47). Bagian yang diulang itu tidak ditranskripsi. Lihat lebih lanjut di: Jogjakarta under Sultan Mangkubumi, 1749-1792, M. C. Ricklefs. London: Oxford University Press, 1974, hlm. 212–9; dan The Javanese 'Chronicle of the Kingdoms': Babad Kraton, M. C. Ricklefs, October 2018. (kembali) |
28 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.54. (kembali) |
29 | runtik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.55, Pupuh 99.20.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 2.19.2). (kembali) |
30 | sagung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.55, Pupuh 99.22.4). (kembali) |
31 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.57. (kembali) |
32 | kandhêg (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.57, Pupuh 100.1.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.1.1). (kembali) |
33 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wus angrasuk busana cara Wlandi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.3.2); wus angrasuk ngagêm cara Kumpêni (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.9.2); abusana wau cara Kumpêni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 106.18.2); sigra ngrasuk busana cara Wlandi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.3.2). (kembali) |
34 | Bandingkan: sinawur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 106.19.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 123.4.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.10.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.4.2). (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: têtirahe sinawud ing widuri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.4.2); têtirahnya sinawur ing rêtnadi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 106.19.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 123.4.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.10.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.4.2). (kembali) |
36 | anggarnya. Bandingkan: anggar (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.5.2). (kembali) |
37 | binalongsong (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.57, Pupuh 100.5.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.5.2). (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Pangran Arya Panular kang nindhihi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.10.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 123.11.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.17.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.11.2). (kembali) |
39 | Tumênggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.58, Pupuh 100.14.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.14.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 123.15.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.21.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.15.5). (kembali) |
40 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ki Tumênggung Gajahpramada ngukih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.16.2). (kembali) |
41 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sêntanane tan adoh angubêngi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.19.2); sêntanane kang datan kêna têbih (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 180.29.2); santanane kang datan kêna têbih (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.21.2). (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: gya winuwur bêntinge cindhe wilis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 3.20.2); ki tumênggung cindhe puspita wilis (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 123.22.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 33.22.2). (kembali) |
43 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.60. (kembali) |
44 | ramening (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 181.11.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.1.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 4.1.1). (kembali) |
45 | Bandingkan: ramening prang asor duk prang Trunajaya (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 181.11.1); ramening prang ngalahkên duk Trunajayan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.1.1). (kembali) |
46 | Biasanya guru lagu i: prapti. (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Arya Măndhalika (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 4.6.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 124.8.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 181.22.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.8.3). (kembali) |
48 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Gajahpramada ngêmasi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 124.8.5; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 181.22.5); yèn Gajahpramada mati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 4.6.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.8.5). (kembali) |
49 | munggang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.62, Pupuh 101.26.1). (kembali) |
50 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: Kodhokngorèk tinêmbang munya angangkang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 124.28.1); Kodhokngorèk monggang tinêmbang angangkang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.28.1). (kembali) |
51 | syaraning. Bandingkan: swaraning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 4.29.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 34.31.1). (kembali) |
52 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64. (kembali) |
53 | êngkas (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64, Pupuh 102.4.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.4.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 108.3.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 125.4.10; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.1.10; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.4.10). (kembali) |
54 | tênayaku. (kembali) |
55 | mandhirèng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64, Pupuh 102.5.8; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.5.8). (kembali) |
56 | mangkruk-mangkruke (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.64, Pupuh 102.8.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.8.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.8.3). (kembali) |
57 | sinanggèng (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.65, Pupuh 102.14.5). (kembali) |
58 | nanggulang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.65, Pupuh 102.16.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.16.10). (kembali) |
59 | Panular (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 108.17.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.18.4). (kembali) |
60 | Surajayèki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.66, Pupuh 102.20.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.20.1). (kembali) |
61 | Dêlanggu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.20.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 125.20.7; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 183.17.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 35.20.7). (kembali) |
62 | Mêngkurat (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 5.21.9). (kembali) |
63 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.67. (kembali) |
64 | wantuning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.68, Pupuh 103.14.1). (kembali) |
65 | pangunandikannya (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.68, Pupuh 103.14.3). (kembali) |
66 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.70. (kembali) |
67 | ambongkoki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.70, Pupuh 104.9.2). Bandingkan: bongkok (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.9.2). (kembali) |
68 | bodhol (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.70, Pupuh 104.11.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.11.2). (kembali) |
69 | Sanggung (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.12.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.12.1). (kembali) |
70 | Sanggung (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.14.4). (kembali) |
71 | Sanggung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 37.15.1). (kembali) |
72 | panggya (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.71, Pupuh 104.22.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.62.7). (kembali) |
73 | Tanggal: jaladri lang rêtune jagate (AJ 1604). Tahun AJ 1604 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Januari 1681 sampai dengan 10 Januari 1682. Lihat juga: Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 7.22.3; toya muluk obah rêksakane (AJ 1604) (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 185.26.3). (kembali) |
74 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.72. (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata: ămba punika kangêmas duk karuwun. (kembali) |
76 | sira. (kembali) |
77 | Lebih satu suku kata: Jawi sira kang duwe ku. (kembali) |
78 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
79 | Lebih satu suku kata: Dyan Dipati Pugêr mami. (kembali) |
80 | Lebih satu suku kata: Natabrata wite dhingin. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: Priyantaka Sragninipun. (kembali) |
82 | Lebih dua suku kata. (kembali) |
83 | Lebih dua suku kata. (kembali) |
84 | Lebih tiga suku kata. (kembali) |
85 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
86 | Lebih dua suku kata. (kembali) |
87 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
89 | Lebih dua suku kata: Amral Hèlduwèlbèh matur ing sang prabu. (kembali) |
90 | Lebih dua suku kata. (kembali) |
91 | Lebih satu suku kata: amral praptèng Smarang nêngguh. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: milanipun kongsi mrêgil tigang dalu. (kembali) |
93 | panggenan (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.73, Pupuh 105.20.4). (kembali) |
94 | Lebih dua suku kata: saos Kumpni yèn gilir jaga sang prabu. (kembali) |
95 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.74. (kembali) |
96 | masang (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.74, Pupuh 106.8.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 8.8.7). (kembali) |
97 | êcis (dan di tempat lain) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 8.9.2). (kembali) |
98 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: kang sawanèh ana angagêm êncis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.74, Pupuh 106.9.2); ngagêm kudhi tarantang lawan êcis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 8.9.2). (kembali) |
99 | panggawening (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
100 | bèri. (kembali) |
101 | ambubul. (kembali) |
102 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.76. (kembali) |
103 | ingangkah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.76, Pupuh 107.2.9). Bandingkan: ingambil (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.16.9; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 186.20.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.15.9). (kembali) |
104 | tinarungku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.77, Pupuh 107.9.3). Bandingkan: dinèkèk (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.23.3); sinèlèh (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 186.27.3); tinangkêp (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.22.3). (kembali) |
105 | samadya. Bandingkan: tri madya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.19.1; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.26.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.25.1). (kembali) |
106 | mêdhang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.30.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.36.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.35.6). (kembali) |
107 | warastranira. Bandingkan: gêgamanira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 9.24.4); wastra (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.31.4); warastra (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.36.4). (kembali) |
108 | sareyane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.78, Pupuh 107.26.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.33.5). (kembali) |
109 | Raad van [Indië] (dan di tempat lain). (kembali) |
110 | priyăngga (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 9.29.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 113.36.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 128.42.10; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 38.41.10). (kembali) |
111 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.81. (kembali) |
112 | syaraning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.81, Pupuh 108.1.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.1.5). Bandingkan: swaraning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.1.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.1.5); swarane (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.1.5); suwarane (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.3.5). (kembali) |
113 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wangke wor susun atindhih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.4.7); wangke awor susun tindhih (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.5.7); sawanyawor sungsun tindhih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.5.7); wangke awor tumpang tindhih (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.5.7). (kembali) |
114 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: rewangira Ki Untung akèh mati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.5.2); rowangira Ki Untung kang ngêmasi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.6.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.6.2); rowangira Ki Untung kèh ngêmasi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.6.2). (kembali) |
115 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: saparane Ki Untung sun tut wuri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.7.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.9.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.9.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.9.2). (kembali) |
116 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn arêmbug lah nêdha padha ngungsi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.8.2); yèn sirarju payo padha angungsi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.10.2); yèn sêmbada payo padha angungsi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.10.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.10.2); yèn sirarsa payo padha angungsi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.11.2). (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Kumpêni sadalu ngati-ati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.12.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.12.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.13.2); wong Kumpêni sagunge ngati-ati (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.12.2); dènira prang dalu angati-ati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.10.2). (kembali) |
118 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pra kapitan pêpitu kang tinuding (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.12.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.14.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.14.2). (kembali) |
119 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: satus kèhe sikêp pêdhang lan tamsir (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.15.2); sapasikêpanira datan kari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.17.2); sasikêpe ngayuda datan kari (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.18.2). (kembali) |
120 | Lebih satu suku kata: dhatêng radèn punika arsa panggih. Bandingkan: maring Radèn Surapatyarsa panggih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.18.2). (kembali) |
121 | têrahing. Bandingkan: trahing (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.21.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.22.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.22.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.22.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 188.23.4). (kembali) |
122 | rucah (dan di tempat lain) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.21.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.22.4). (kembali) |
123 | nanggoni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.83, Pupuh 108.30.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.30.7). Bandingkan: nanggêni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.26.7); ngêmbari (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.31.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.31.7). (kembali) |
124 | lodra (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.84, Pupuh 108.33.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.35.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.35.3). (kembali) |
125 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sêdyanira awêwadul ing gusti (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.34.2); sêdyanira wêwadul mring nagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.31.2); sêdyanira wêwadul marang gusti (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.36.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.36.2). (kembali) |
126 | Lebih satu suku kata: maksih rare Ki Untung kang wêwangi. Bandingkan: pangajêngan pun Untung kang wêwangi (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.40.2); akêkasih inggih pun Untung gusti (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.40.2); wastanipun inggih pun Untung gusti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.35.2); maksih rare warnanipun apêkik (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.38.2). (kembali) |
127 | Kurang satu suku kata: manêmbah jêng sultan angandika arum. Bandingkan: atur sêmbah sultan angandika arum (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.40.5); kangjêng sultan pangandikanira arum (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.42.5); ya ta Sultan Carêbon ngandika arum (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.37.5). (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata: mring Ki Untung wêcananira manis. Bandingkan: maring Untung ingsun atekon maning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.42.1). (kembali) |
129 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: satêmah anênukêri (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.43.7); têmah nyukêri nagari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.39.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.44.7); têmah nyukêri nêgari (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.44.7). (kembali) |
130 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: jêjuluka Rahadèn Surapati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.48.2); ajênênga sira Dyan Surapati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.43.2); ajênênga Rahadèn Surapati (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.47.2); jumênênga Rahadèn Surapati (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.48.2). (kembali) |
131 | Kumpêni (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.51.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.46.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.51.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.50.7). (kembali) |
132 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dadi satruning Kumpêni (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.51.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.51.7); dadya satruning Kumpêni (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.50.7); apan satruning Kumpêni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.46.7). (kembali) |
133 | Lebih satu suku kata: Ki Umbul sira kang tuwa. Bandingkan: bapa Bun sira kang tuwa (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.52.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.47.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.51.1); bapa Bun rika kang tuwa (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.52.1). (kembali) |
134 | nuwanana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.47.6). (kembali) |
135 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: lampahira Rahadèn Surapati (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.59.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.54.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.58.2). (kembali) |
136 | pêrtingginipun. Bandingkan: patingginipun (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.59.7); patingginira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.54.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.58.7). (kembali) |
137 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Saradênta kalawan Saradênti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.56.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.60.2); Saradênta kêlawan Saradênti (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 129.61.2); Saradênta kalawan Saradinti (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.61.2). (kembali) |
138 | Bandingkan: panjêre mamarêdèn barisnya agung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.86, Pupuh 108.63.5); Panjêr Rema Pamardèn barise kumpul (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.63.5); Panjêr Ngrema angumpul barisnya agung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 114.59.5); Panjêrngrema akumpul barinya agung (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 39.63.5). (kembali) |
139 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: Surapati angaji tatakrami (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.70.2). (kembali) |
140 | manjing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.87, Pupuh 108.71.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 10.71.4). (kembali) |