Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119)

Judul
Sambungan
1. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 001–005). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 006–012). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 022–031). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 032–040). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 041–055). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 056–068). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 069–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
9. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 084–095). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
10. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 096–108). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
11. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
12. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 120–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
13. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 133–142). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
14. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
15. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 148–151). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
16. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 152–161). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
17. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 162–170). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 426r lanjutan] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 1 dari 96

109. Sinom

[Untung Surapati saha wadyanipun saged numpes kraman ing Toyamas ingkang dipunpandhégani Saradenta lan Saradenti. Gurnadur jendral ing Betawi utusan kapitan Tak supados nyepeng Untung Surapati.[1]]

1. ikang sinêdya ing driya | sira Radèn Surapati | umarêk rêkyana [rê...]

--- [f. 426v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 2 dari 96

[...kyana] patya | Radèn Anrangkusumèki | lampahe sampun prapti | nênggih paregolanipun | sigra atur uninga | wau kang atêngga kori | lamun ana wong prapta arsa sawita ||

2. sigra wau ingandikan | rahadyan rêkyana patih | Ki Surapati wus prapta | ing ngarsanira wotsari | sira rahadyan patih | rêsêping manah andulu | alon wijiling sabda | sira wong têka ing ngêndi | lamun iya lan sapa wêwanginira ||

3. Ki Surapati tur sêmbah | tan emut sakaning alit | dening papa kawlasarsa | pêparab pun Surapati | sadya kawula ngabdi | dening gusti kang sinuhun | lawan malih kawula | punika angusi urip | dèn niaya kawula dening pun kopar ||

4. igih mênawa sumêlang | ing galih sri narapati | upama badan kawula | tinêdha dhatêng Kumpêni | dados rune si kapir | dipun patêdhakna gupuh | nanging panuhun iwang | sagung abdi dalêm Jawi | sampun wontên kang tumut-tumut kewala ||

5. dening Kumpêni punika | kapanggiha siyang latri | pan igih purun kawula | sagêndhinge ing ajurit | ya ta rahadèn patih | miyarsa suka ing kalbu | aris dènnya ngandika | lah iya aja kuwatir | pan manira kang matur sri naranata ||

6. mêngkana Ki Surapatya | sinung pagenan tumuli | kalakung ingupasuba | ing radèn rêkyana patih | kinadang-kadang yêkti | ingandikan sabên dalu | gantya kang kawuwusa | sira Prabu

--- [f. 427r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 3 dari 96

Saradênti | nênggih ikang madhirèng nagri Toyamas ||

7. wus amukti awibawa | gêgamanira andadi | kang abaris Kali Jirak | Tumênggung Toyamas nênggih | apan sampun ginitik | Bul Jaladriya kang magut | tumênggung ing Toyamas | risak wonge akèh mati | tan kuwawi ki tumênggung wus lumayya ||

8. lajêng dhatêng Kartasura | sêdyane atur upêksi | datan kawarna ing marga | ing Kartasura wus prapti | katur sri narapati | aturipun ki tumênggung | yèn nagri ing Toyamas | wontên wong umadêg aji | aprakosa kêraman wus madêg nata ||

9. Prabu Mêngkurat sru duka | nêhêr kinèn anglurugi | ikang tinuduh ing karya | sira rahadèn apatih | ya ta ikang winarni | Radèn Anrangkusumèku | ngundhangi asanega | ing wadya para prajurit | ingandikan sira Radèn Surapatya ||

10. wus prapta ing ngarsanira | ngandika rahadèn patih | isun adhi arsa lunga | timbalane sri bupati | sun kinèn anglurugi | ing wong kang umadêg ratu | anèng tanah Toyamas | sira Radèn Surapati | tur pranata radèn kenginga punika ||

11. sampun paduka tumindak | amunga pun Surapati | angrurah musuh karaman | kawula ikang nagupi | wuwuha musuh malih | sayêkti merang kalakung | yèn amba maksih gêsang | sampuna tindak pribadi | suka ing tyas rahadèn patih [pa...]

--- [f. 427v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 4 dari 96

[...tih] ngandika ||

12. yèn mêngkono karsanira | sun matur ing sri bupati | ri sampunira mêngkana | lumiyat rahadèn patih | prapta ing Srimanganti | wus katur dhatêng sang prabu | anulya tinimbalan | wus prapta ngarsa nrêpati | sigra matur Rahadyan Anrangkusuma ||

13. gusti wontên palajêngan | saking nagri ing Batawi | pun Surapati mangaran | lumajêngipun angusi | dèn sikara Kumpêni | marma angusi pukulun | dening datanpa dosa | kinuya-kuya Kumpêni | nanging mangke sagah angrurah karaman ||

14. ikang madhirèng Toyamas | punika sagah mêjahi | yèn suwawi rinojonga | ature pun Surapati | endah punapa gusti | yèn èstu pênêd kinukup | yèn awon gya binucal | sampun nyênyukêri galih | sri narendra alon dènira ngandika ||

15. lah iya sakarsanira | măngsa bodhoa sirèki | pan isun pracaya sira | iya marang sira patih | suka ing tyas wotsari | wus mêdal saking kadhatun | sapraptanira jaba | panggih lan Ki Surapati | dhinawuhkên timbalanira sang nata ||

16. kalilan kinèn umangkat | iya ing sadina mangkin | Ki Surapati sandika | kalakung suka ing galih | pan sampun dèn kanthèni | Tumênggung Toyamas wau | nêhêr sarêng umangkat | saking ngarsa radèn patih | sigra-sigra wus mêdal saking nêgara ||

17. ing ênu [ê...]

--- [f. 428r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 5 dari 96

[...nu] datan winarna | lampahe Ki Surapati | ing Kali Jirak wus prapta | saksana apacak baris | wong desa kathah prapti | ikang samya asêsuguh | tarub wetan Toyamas | mirsa jêjênêng nrêpati | kawarnaa sira Radèn Surapatya ||

18. sigra dènira putusan | ing panakawan kêkalih | binêktan sêsupenira | lampahira aglis prapti | ing Bun Jaladriyèki | pan sampun tanggap ing sêmu | Ki Umbul Jaladriya | sarewangira winangsit | bêbêktane kang saking nagri Jakarta ||

19. sadaya kinèn sanega | sagêgamaning ajurit | mangkat seba ratunira | sapraptanira ing puri | sira Ki Saradênti | pan lagya angabên sawung | anèng paseban jaba | ingayap pawongan cèthi | kagya[2] mulat praptane Bun Jaladriya ||

20. alon dènira atanya | sira Prabu Saradênti | ing kene dèn maring ngarsa | apa ta wartane jawi | baya ta ana kardi | dening agupuh sun dulu | sira Bun Jaladriya | apan sampun marêpêki | angêjèpi wau maring rewangira ||

21. tinubruk saking ngiringan | sira Prabu Saradênti | anjumbul sampun binănda | myang Saradênta ginodhi | kalih binêkta mijil | Bun Jaladriya wus laju | lampahe tan winarna | ing Kali Jirak wus prapti | agya katur ing Rahadèn Surapatya ||

--- [f. 428v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 6 dari 96

22. yèn ratune wus kabêsta | suka Radèn Surapati | sigra pinacok[3] saksana | utamaganira[4] kalih | Toyamas dèn abongi | isine kadhatonipun | prasamya binoyongan | sira Radèn Surapati | nulya budhal saking nagari Toyamas ||

23. datan kawarna ing marga | wus prapta ing Kartawani | katur ing sri naranata | yèn prapta Ki Surapati | ratu kraman wus mati | pan katigas jangganipun | sang nata lakung suka | murda pinanjêr tumuli | sira Radèn Surapati wus ginanjar ||

24. arta kalawan busana | anuhun Ki Surapati | kalakung suka ing driya | katrima dening nrêpati | wastra sampun binanggi | wêrata sarowangipun | arta miwah busana | lakung sihira nrêpati | pan akathah ganjaranira sang nata ||

25. wus anèng Anrangkasuman[5] | wus samya sinungan panti | Surapati sarowangnya | cinadhong siyang myang latri | dhatêng rahadèn patih | ngupasubane kalakung | sawusira mêngkana | ing antara lami-lami | kapiyarsa saking nagri Batawiyah ||

26. yèn Ki Untung wus karuhan | sarowangira angabdi | ing Sang Prabu Kartasura | malah wus ngalih kêkasih | aran pun Surapati | ya ta wau kang winuwus | samya rêmbag bicara | sagung niyaka Kumpêni | pinagilan mring sira gurnadur jendral ||

27. miwah Dêlèr [Dê...]

--- [f. 429r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 7 dari 96

[...lèr] Mur pamêkas | samya bicara Kumpêni | wus dadi ikang bicara | atari marang prajurit | sapa ta ikang wani | anyêkêl marang Si Untung | agung ikang ganjaran | pan sarya jinujung ligih | pra prajurit sami amopo sadaya ||

28. dening ta sampun karuwan | Ki Untung prawirèng jurit | kèmêngan gurnadur jendral | Hèr[6] Mur susah punya hati | ya ta wontên Kumpêni | satu wijiling wong agung | nanging maksih kapitan | trahing prajurit linuwih | bapakira kang bêdhah nagri Mukasar ||

29. anama Kapitan Êtak | punika ikang nagupi | nyêkêl Ki Untung sêmăngsa | jendral lakung sukèng galih | gumuyu ngêntrog wêntis | sigra nyandhak astanipun | Kapitan Tak sêmana | binaktèng ngarsa tumuli | winor lawan pra niyaka kalih wêlas ||

30. wanti-wanti linarihan | marang ing jendral pribadi | muwah Rat Pêni Indiya | sadaya samya alarih | sampun sinung Kumpêni | kalih atus kang tinuduh | prasamya pêpilihan | myang wadya Mêkasar Bugis | sigra mangkat pan sampun binêktan surat ||

31. saksana numpak ing palya | mancal saking ing Batawi | tan winarna solahira | ing laotan kang dèn jogi | Japara muwarèki | baita pan sampun labuh | mêntas Kapitan Êtak | sawadyanira Kumpêni | catur ari gènnya nèng loji Japara ||

32. ri sampunira [sampu...]

--- [f. 429v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 8 dari 96

[...nira] mangkana | wajidan nulya tinuding | ngaturkên surate jendral | dhumatêng sri narapati | kinanthèn mantri kalih | Japara gya lampahipun | ing ênu tan winarna | prapta ing Kartasurènjing | kang jinujug Radèn Arya Sindurêja ||

33. sira Ki Arya Sindurja | sigra tumamèng jro puri | katur ing sri naradipa | yèn surat saking Batawi | gya wau katupèksi | sampun kadriya kang têmbung | sang nata angandika | maring Arya Sindurja ris | hèh Sindurja kayaparan karsanira ||

34. dene ki[7] layange jendral | anjaluk Si Surapati | Arya Sindurja tur sêmbah | yèn suwawi sri bupati | apan pun Surapati | buroning Kumpêni tuhu | lêhêng pinatêdhakna | dados galihing Kumpêni | saupami paduka angêkahana ||

35. èmêng sang nata ngandika | hèh riya mêtua dhingin | timbalana yayi êmas | Dipati Pugêr dèn aglis | lawan Si Adipati | Mandura Surabayèku | sirarya Sindurêja | tur pranata saha mijil | sapraptane ki arya wus tinimbalan ||

36. Pangeran Pugêr gya prapta | sarta pugawa kêkalih | Jangrana lan Cangkraningrat[8] | lajêng tumamèng jro puri | Sindurja kang angirid | wus prapta ngarsa sang prabu | mèsêm nata ngandika | hèh yayi mas adipati | lah ing kene dèn kaparèng ngarsaniwang ||

37. majêng pangran adipatya | ing Pugêr myang pugawa tri | ngandika sri naranata | paran karsanira yayi | layange jendral iki | Si Surapati jinaluk | Êtak ikang dinuta |

--- [f. 430r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 9 dari 96

anyêkêl Si Surapati | anging mangke maksih anèng ing Japara ||

38. hèh yayi sira pikira | ing kono lan pugawa tri | Dipati Sampang manêmbah | Jangrana matur ngabêkti | yèn suwawi ing gusti | pinaringêna pukulun | upami kinêkahan | tan wande yèn dados jurit | abdi dalêm Kumpêni kalawan Jawa ||

39. kèmêngan Prabu Mêngkurat | kang rayi matur ngabêkti | yèn kawula tan sêmbada | ature pugawa katri | mapan pun Surapati | angabdi ing jêng pukulun | dening mangke tinêdha | winastan dosa Kumpêni | tinurutan igih tuwan patêdhakna ||

40. nanging abdi dalêm Jawa | sampun wontên angrencangi | angrisak pun Surapatya | dimèn cinêpêng pribadi | igih pun Surapati | tan darbe dosa pukulun | nênggih dhatêng panduka | yèn abdi dalêm ngrencangi | yakti tuwan asikara tanpa dosa ||

41. lan punika băngsa Islam | dening mêksaning Kumpêni | panduka ikang anglèsa | ngakêna tan darbe dasih | dhatêng pun Surapati | ananing nagaranisun | puniku angawula | marang ing pêpatih mami | ya Si Anrangkusuma goning suwita ||

42. katujon sri naranata | myarsa ature kang rayi | gumujêng saha ngandika | bênêr yayi mas dipati | mêngkono saur mami | kawrata ing angsul-angsul | dening Kumpêni mêksa | anjaluk Si Surapati | sun pundhute [pu...]

--- [f. 430v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 10 dari 96

[...ndhute] iya têka dèn cêkêla ||

43. hèh sira iya Sindurja | payo mêtua dèn aglis | dhawuhna maring wajidan | mêngkono timbalan mami | nuli tundhungên aglis | lan utusana sirèku | angatêrna Sêmarang | lan pracayakêna malih | kang sun tuduh rumêksa marang Si Êtak ||

44. pangane anèng ing marga | ya si răngga ing Sêmawis | Arya Sindurja gya mêdal | sapraptanira ing jawi | wajidan dèn dhawuhi | ing timbalane sang prabu | wus amit gya umêsat | pan sampun wartèng Kumpêni | kang ajaga nêgari ing Kartasura ||

45. tan winarna lampahira | ya ta wau sri bupati | aris dènira ngandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalanisun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang ||

46. lan sagung para pugawa | padha undhangana yayi | kabèh awèha gêgaman | iya maring Surapati | pangran manêmbah mijil | pugawa kalih tan kantun | sapraptanirèng jaba | yyang arka wus nitih wukir | sampun prapta pangeran ing dalêmira ||

47. sagunging para dipatya | dalu ingundhangan sami | maring dalêm Kapugêran | miwah rahadèn apatih | myang Radèn Surapati | ing Kapugêran wus rawuh | tata sami alênggah | sagunging para dipati | jêng pangeran andhawuhakên timbalan ||

48. hèh paman Anrangkusuma [Anrang...]

--- [f. 431r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 11 dari 96

[...kusuma] | timbalane kakang aji | kalamun Ki Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | sira kinarya rigit | yèn Si Surapati purun | amagut dutaning kang | Kumpêni saking Batawi | Kapitan Tak mêngko lagya nèng Japara ||

49. nanging ta wus ingandikan | dening kakang sri bupati | kayaparan sagupira | kalamun sira tan wani | nuli lungaa aglis | têka nagri Kartapurun | yèn sira wani nglawan | kakang prabu angidèni | lan maringi kanthi iya marang sira ||

50. Ki Surapati turira | dhuh gustiku sang apêkik | sanadyan jendral praptaa | ngêriga wadya Kumpêni | dèn kêbak tanah Jawi | datan gumisir ing sagup | mangke badan kawula | asal idine nêrpati | aprasasat paripih kalawan jimat ||

51. lêbura kadya pratala | wus kasêdya siyang latri | pêjah awor lan si kopar | pintên bangginipun gusti | kawula manggih urip | asal bêrkat kang sinuhun | rakanta myang panduka | mèsêm pangran adipati | angandika mring Radèn Anrangkusuma ||

52. hèh paman Anrangkusuma | sirèstu kinarya rigit | milyaa saparipolah- | ira mring Ki Surapati | matur rahadèn patih | sandika suka ing kalbu | Pangran Pugêr ngandika | mring sagung para dipati | alah payo kabèh awèha gêgaman ||

53. iya pa sasukanira | pamilihe Surapati | Ki Surapati tur sêmbah [sê...]

--- [f. 431v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 12 dari 96

[...mbah] | sampun liyan saking kêris | Pangeran Madura glis | sigra nguncalakên dhuwung | dhapuripun sêmpana | tangguhe Tuban panêkti | pan tinampik dening Radèn Surapatya ||

54. pan sarwi alon turira | sagunge ikang pêparing | sampun kêdah kang birawa | paringa dhuwung kang alit | kang dhapur tilam upih | lan kalamisani iku | myang dhapur pasopatya | sangu tumpêng jalak diding | igih pitên agênge untuning ula ||

55. saksana sagung dipatya | samya suka dhuwung alit | kang titih-titih kewala | kalih sarêng atur bêkti | bubar rahadèn patih | myang Surapati tan kantun | pan sampun apranata | sagung kang para dipati | sarêng bubar saking dalêm Kapugêran ||

56. wau Radèn Nrangkusuma | prapta ing dalêmira glis | apan nulya agêganjar | marang prajurite sami | arta myang busana di | Radèn Surapati wau | sadaya wadyanira | sampun sinungan kulambi | pan sangkêlat abang pan sami rinenda ||

57. sadaya lancinganira | prasamya sangkêlat kuning | pinanji rinenda pêthak | abêbênting cindhe wilis | prasamya udhêng putih | gantya wau kang winuwus | duta wajidan prapta | ing Japara sampun panggih | lawan Êtak wus katur sapolahira ||

58. tuwan pinanggil sang nata | Kapitan Tak sukèng galih | wus budhal saking Jêpara | ing Sêmarang kang dèn jogi | ki răngga wus atampi | ing timbalane [timba...]

--- [f. 432r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 13 dari 96

[...lane] sang prabu | sira Kapitan Êtak | wus praptèng nagri Sêmawis | panggih lawan Ki Răngga Martanêgara ||

59. sinaosan sakarsanya | kalih dalu nèng Sêmawis | gya budhal saking Sêmarang | Ki Răngga apan umiring | rumêksa anèng margi | tundhan lawan panganipun | datan kawarnèng marga | ing Kênêr pan sampun prapti | apan rêrêb Ki Răngga atur uninga ||

60. katur mangrang[9] sri narendra | yèn Kapitan Tak wus prapti | anèng Kênêr saha bala | rêrêb ngasokên wadya lit | sang nata gya nimbali | Arya Sindurja tinuduh | akarya pasanggrahan | ing Toyadana tumuli | yèn wus dadi Êtak nuli pinanggilan ||

61. sira Arya Sindurêja | pan sampun atampi wangsit | ngirid pugawa têtiga | ing Toyadana wus prapti | karya pakuwon nuli | wus dadya sigra angutus | kêkalih mantri mudha | kinèn nuturi upaksi | mring Ki Răngga Êtak kinèn ngaturana ||

62. Kapitan Tak ingaturan | marang Ki Răngga Sêmawis | agêpah sigra umangkat | kawarnaa sri bupati | Dipati Surawèsthi | kinèn ngabong-abong dalu | pasowan kidul ika | sarta surakira atri | ginumyahkên Surapati ngamuk pura ||

63. ya ta wau lampahira | Kapitan Êtak wus prapti | Banyudana saha wadya | saksana sami apanggih | lan Arya Sindurjèki |

--- [f. 432v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 14 dari 96

atêtabean duk cundhuk | binatèng pasanggrahan | atata sami aligih | Kapitan Tak alon dènira anabda ||

64. radèn manira dinuta | ing jendral myang pra Rat Pêni | anuhun pun Surapatya | kathah dosaning Kumpêni | lan jendral angaturi | kintun renda lan baludru | punapa ta têksiha | kang wasta pun Surapati | angandika Radèn Arya Sindurêja ||

65. igih taksih wontên tuwan | nanging ta datan angabdi | dhatêng gusti sri narendra | kang wasta pun Surapati | watên rahadèn patih | nênggih pangawulanipun | duk tuwan aputusan | wajidan ngaturi tulis | sakinge[10] pinundhut Ki Surapatya |[11]|

66. karsanipun sri narendra | kasraha dhatêng Kumpêni | pun Surapati bêbandan | nanging ta rahadèn patih | sangêt gènnya ngukuhi | abăngga sarêng angamuk | lawan pun Surapatya | dadya băngga ing nrêpati | punapa ta Kumpêni botên miyarsa ||

67. yèn Radèn Anrangkusuma | amêngsah ing sri bupati | anglabuhi Surapatya | malah ing sadintên wingi | sêdya angamuk puri | mêdal ing pasowan kidul | pan sampun ingobongan | yèn sampuna egal prapti | jêng Pangeran Pugêr têtulung kang raka ||

68. kadi ta kalakon bêdhah | kadhaton dalêm ing wingi | sira Tak dupi miyarsa | tapiyonira binanting | sarwi anyaut rawis | Kapitan Tak [Ta...]

--- [f. 433r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 15 dari 96

[...k] asru mêmuwus |[12] hèh Radèn Sindurêja | antinên sadintên benjing | Surapati wus kagêm ing astaniwang ||

69. apan sampun sinêgahan | sagunge wadya Kumpêni | dening Arya Sindurêja | datan kawarna ing latri | warnanên sri bupati | animbali pugawa gung | kang rayi ingandikan | Pangeran Pugêr Dipati | pan angirid sagunge para niyaka ||

70. sapraptanira ing pura | ing ngarsanira nrêpati | Dyan Surapati ngandikan | lawan sira radèn patih | sinandi lampah silib | mêdal ing pasowan kidul | sapraptanirèng pura | ngarsane sri narapati | tugal lawan sagunge para dipatya ||

71. sang nata alon ngandika | hèh yayi mas adipati | ing Pugêr paran karsanya | pangeran matur ngabêkti | sumăngga ing nrêpati | kawula tan darbe atur | apan pun Surapatya | tan gumisir siyang latri | pêjahipun katur ing panduka nata ||

72. sang nata malih ngandika | iya yèn mêngkono yayi | Si Adipati Mandura | kalawan ing Surawèsthi | karo sun srahi kardi | dèn sumêkta besuk esuk | gusah Si Surapatya | dèn rame kanthaning jurit | wangsitana lawan Si Arya Sindurja ||

73. poma karo dèn abisa | akarya sandining jurit | isun pan arsa umiyat | yudane Si Surapati | lawan Si Êtak benjing | adunên ing alun-alun | pratiwa kalih nêmbah | rampung [ra...]

--- [f. 433v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 16 dari 96

[...mpung] wêlinge nrêpati | Surapati wau kang dinuk ing tingal ||

74. mangsah ing ngarsa narendra | pan sampun tampi wêwêling | manêmbah ngaras ing suku sang |[13] lèsèr sing ngarsa nrêpati | muwah rahadèn patih | wus tampi pitungkas tuhu | sarêng dènira mêdal | miwah sagunging bupati | myang Pangeran Pugêr mundur saking ngarsa ||

110. Durma

[Untung Surapati kabiyantu wadya kapatihan campuh kaliyan wadyanipun kapitan Tak. Kapitan Tak kaperjaya wonten ing alun-alun Kartasura.[14]]

1. tan kawarna ing dalu wuwusên enjang | miyos sri narapati | mugèng Sitibêntar | andhèr kang balakusya | wong Priyataka Saragni | wus mugèng ngarsa | pawèstri ngapit-apit ||

2. wong atusan sumambèng ing wuri aglar | samya sumaktèng wèsthi | Jagabaya ngarsa | lawan wong Nyakragnyana | Mandhung Nyutra lawan Miji | wong Anirbaya | nèng ngarsa sikêp lêmbing ||

3. Patranala kalawan wong Darpahita | Maondara Miyagi[15] | myang wong Wirabraja | Brajanala Kanoman | Patrayuda kang nisihi | Udamênggala | sisih lawan Kapilih ||

4. wong Katagung Gandhèk lawan Mantri Mudha | sangkêp ngarsa nrêpati | myang wong Jagasura | tuwin Wisapracăndha | sasikêpira tan kari | Singanêgara | ngubêngi sri bupati ||

5. pan sadaya sami sumaktèng ayuda | sagung pratiwèng jawi | andhèr Pagêlaran | saha wadya sadhiya | ing alun-alun abaris | kinarya ucap | agêpuk Surapati ||

6. wong Kumpêni kang ajaga Kartasura | pan sampun sinung uning | dening sang dipatya |

--- [f. 434r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 17 dari 96

Sampang lan Surapringga | yèn agêpuk Surapati | wadya Mandura | lan wadya Surawèsthi ||

7. pan abaris ing pasar sang adipatya | kalih mugèng ing loji | pan loji sêmana | maksih jaro kewala | sagung wong măncanêgari | baris ing Sêndhang | dening wadya pasisir ||

8. pan sadaya baris Warung Watu aglar | liya bupati kalih | kang amaku karya | Mandura Surapringga | gantya wau kang winarni | Kapitan Êtak | lan Arya Sindurja glis ||

9. budhal saking pasanggrahan Toyadana | sagung wadya Kumpêni | gumuruh syaranya | sira Radèn Sindurja | pan sampun utusan mangsit | ing sang dipatya | Mandura Surawèsthi ||

10. sasampune panggih duta Kasindurjan | lan sang dipati kalih | sigra sang dipatya | ing Sampang Surabaya | asru ngucap ing Kumpêni | tuwan manira | arsa gêcêka aglis ||

11. maring Kanrangkusuman anging andika | barisa Păncaniti | rumêksa ing nata | sigra sami sanega | sagunging wadya Kumpêni | pan sarêng budhal | lan sang dipati kalih ||

12. kalih atus Kumpêni ing Kartasura | ing alun-alun prapti | abaris malatar | wau kang kawuwusa | wadyèng Sampang Surawèsthi | laju lampahnya | gumrah têngara muni ||

13. pan anglarug marang Kanêrangkusuman | sawetan Ngasêm nênggih | wadya Surabaya | miwah wadya [wa...]

--- [f. 434v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 18 dari 96

[...dya] Mandura | ing lêlurungnya wus prapti | umyung kang surak | pan sarwi ambêdhili ||

14. Surapati wau ikang kawarnaa | miwah rahadèn patih | pan sampun sandhiya[16] | sadadananing yuda | mulat yèn wong Sampang prapti | badhol sakala | Rahadyan Surapati ||

15. wadya kawan dasa galong tan apisah | miwah rahadèn patih | saha wadyanira | angalèr lampahira | wong Surabaya nututi | myang wong Madura | samya bendrong ing bêdhil ||

16. apan sèwu sinapan kang sarêng munya | binarung surak atri | lir rug kang prawata | nanging obat kewala | tan ana angago mimis | pan pangandikan- | ira sri narapati ||

17. kawarnaa Kapitan Tak lampahira | kagyat miyarsa bêdhil | Arya Sindurêja | asru pamuwusira | lah punika Surapati | kinrubut ing prang | kapitan asru angling ||

18. alah nêdha Ki Sindurja dèn akêbat | agya isun yun panggih | lan Si Surapatya | Arya Sindurja ngucap | tuwan manira pan ajrih | maring sang nata | yèn dika pranga margi ||

19. apan ikang pangandika sri narendra | asoa Păncaniti | wadya Kartasura | tuwan maksih akathah | kang bêbujung Surapati | dèrèng kasoran | sampun age nulungi ||

20. ya ta wontên dutane Dipati Sampang | lan Sindurja apanggih | duta aturira | kawula pan dinuta | ing raka sang adipati |

--- [f. 435r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 19 dari 96

atur uning |[17] lamun pun Surapati ||

21. dèn bêbujung angalor gepak mangetan | paduka dèn aturi | nuntêna egala | lawan Kapitan Êtak | mênawa pun Surapati | ngidul parannya | têmah agêpuk puri ||

22. dika radèn ing alun-alun barisa | rakanta lakung watir | sigra Kapitan Tak | lan Arya Sindurêja | ginêlak lampahing baris | gumêr syaranya | ing alun-alun prapti ||

23. wus angumpul barise Kumpêni aglar | gamêng tinon ngajrihi | loring wringin kêmbar | wus samya sinêgahan | dawêgan kang maksih cêngkir | dadya gungira | păncatus wong Kumpêni ||

24. tigang atus Kapitan Tak gêgamannya | kalih atus kang lami | myang Bugis Makasar | rongèwu winêtara | Tak ngandikan mring Sitigil | wusnya tabean | lawan sri narapati ||

25. ngaturakên pakêkintunipun jendral | wus katur ing nrêpati | ya ta Kapitan Tak | alon ing aturira | kawula dinuda[18] gusti | eyang paduka | mikut pun Surapati ||

26. ikang wontên nêgari dalêm punika | lilah panduka gusti | sang nata ngandika | iya Tak dèn pracaya | apan ta Si Surapati | băngga maringwang | ya băngga mring Kumpêni ||

27. sarupane wong isun ing Kartasura | padha sun kon rewangi[19] | marang yudanira | mau kang isun duta | ambujung Si Surapati |

--- [f. 435v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 20 dari 96

wong ing Madura | lawan ing Surawèsthi ||

28. nanging sira Êtak aja lunga-lunga | nadyan maguta jurit | aja doh lan iwang | mênawa ta kasoran | wong Sampang Si Surawèsthi | ya Surapatya | têmah agêpuk puri ||

29. sarêng myarsa Êtak andikaning nata | lakung sukaning ati | asru aturira | dhuh gusti jangan susah | yèn pun Êtak maksih urip | pun Surapatya | gêsang prasasat mati ||

30. igih gusti wus kagêm ing astaniwang | ya Surapati baik | nanti beta ajar | êlu punya kêpala | beta taruk bawah kaki | alatah-latah | sarya angêmbat wêntis ||

31. wus tumurun Êtak saking Sitibêntar | anindhihi kang baris | Ki Arya Sindurja | sigra dènnya putusan | marang sang dipati kalih | ing Surabaya | lan Pangran Mandurèki ||

32. amangsiti yèn Kapitan Tak wus prapta | ing alun-alun baris | ya ta kawuwusa | wau Ki Surapatya | dèn bêbujung dèn bêdhili | ing Pepe prapta | gepak mangetan aglis ||

33. nurut Lèpèn Pepe binujung wong Sampang | lawan wong Surawèsthi | ramya binêdhilan | prapta Bungas lor wetan | gepak ngidul Surapati | myang radèn patya | ing Sêndhang dèn êjogi[20] ||

34. katarajang barise măncanêgara | mawur pan sami gusis | ya ta kawarnaa | wontên lêlurahira | wong Madura Saragêni | kaku tyasira |

--- [f. 436r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 21 dari 96

aran Ki Konangpasir ||

35. Konangpasir angucap ing kancanira | pêgêl têmên kang ati | agung bêburonan | bilalang-bilulungan | mayo padha ngago mimis | têka sapisan | jinajal sigra bêdhil ||

36. rowangira Surapati siji kêna | wêntise angêmasi | angling Surapatya | wong Sampang liwat ala | madyayèng[21] wêling nrêpati | wangsul sakala | angilèn Surapati ||

37. kapalajar wadyèng Sampang tinarajang | dening Ki Surapati | wontên kang kacandhak | têtiga tinumbakan | wadya Mandura kang kanin | katur Pangeran | Mandura sukèng galih ||

38. angandika mring Dipati Surabaya | hèh kakang Surawèsthi | iki olih tăndha | iya kaparêng uga | wong manira ana kanin | wus winangsitan | sira Ki Surapati ||

39. pan tinuntun dening wadya ing Mandura | myang wadya Surawèsthi | angilèn lumajar | binujung sinurakan | mring wadyane Surapati | myang wadyanira | wau rahadèn patih ||

40. Radèn Anrangkusuma tansah ing wutat | amamong Surapati | ya ta kawarnaa | wong Sampang Surapriga | ing alun-alun angusi | gègèr sêmana | kang baris Păncaniti ||

41. kawarnaa Radèn Arya Sindurja |[22] amomong ing Kumpêni | asru dènnya ngucap | marang Kapitan Êtak | ah tuwan paran karsèki | wadyèng Mandura [Ma...]

--- [f. 436v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 22 dari 96

[...ndura] | punika wus kajodhi ||

42. miwah wadya Surabaya kapalajar | akathah nandhang kanin | tan adangu prapta | wau wadya Mandura | kang samya anandhang kanin | lakung ing ngarsa- | nira baris Kumpêni ||

43. Kapitan Tak kalakung bramatyanira | sigra ngabani baris | mukul tamburira | rolas pan barêng munya | gumrudug agêgumyuri | kang kawarnaa | Rahadèn Surapati ||

44. kang bêbujung mring wong Sampang Surabaya | ing alun-alun prapti | kang samya lumajar | lajêng mangilèn pisan | ana kang manjing jro puri | ikang Pasowan | gêdhong sampun kabêsmi ||

45. Surapati pan sampun prapta Pagongan | tarap baris aligih | ya ta sri narendra | mugèng ing Sitibêntar | ingayap ikang para ri | katiga samya | mugèng ngarsa nrêpati ||

46. pan apajêg barise wadya Kaparak | rumêksa ing nrêpa ji | mugèng kering aglar | ya ta wong Sindurêjan | myang wadyaning pra dipati | ambêdhil samya | nglanggar ing Surapati ||

47. ingadêgan mring wadyane Surapatya | mawur lumayèng gusis | sira Tak bramatya | sigra ngabani bala | lêlumbungan wong Kumpêni | wong Jawi gumyah | orêg wong sanêgari ||

48. wus apêrêk Kumpêni awas tumingal | mring wonge Surapati | sigra ingabanan | Kumpêni anyanjata | lir gêlap sèwu barungi [ba...]

--- [f. 437r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 23 dari 96

[...rungi] | tambur gumêrah | bakilung wadya Bugis ||

49. maksih dhêdhêp Surapati sarowangnya | ingêdrèl wanti-wanti | kukusing sundawa | pêtêng lir ampak-ampak | sigra Radèn Surapati | ngabani wadya | sarêng mangsah ing jurit ||

50. gya manêmpuh Surapati ngamuk rampak | Kumpêni anadhahi | akuwêl prangira | gumrudug kang sinapan | pêtêng kukus anglimputi | pangêdrèlira | Kumpêni wanti-wanti ||

51. Radèn Surapati angamuk manêngah | lir banthèng tawan kanin | saha wadyanira | lir rêsêksa[23] mêmăngsa | wong catur dasa apipis | numbak amêdhang | anuduk angakahi ||

52. wus akathah Kumpêni kang kamuk pêjah | ing wuri ambêdhili | Êtak lakung gusar | banting têtapongira[24] | ulat andik naut rawis | marakên[25] bala | umangsah kang ing wuri ||

53. apan kocaping carita Kapitan Tak | datan cara Kumpêni | ngage makutha mas | grudha mrêp mukur ika | têbah jaja anting-anting | lir Kombakêrna | gêng luhur angajrihi ||

54. ramening prang sênjata lir arga rêbah | awor tambur barungi | Radèn Surapatya | sayah pangamukira | mundur prasamya ligih |[26] anèng Pagongan | samya ngulari warih ||

55. nulya wontên timbalan saking nalendra |

--- [f. 437v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 24 dari 96

nêdha Ki Surapati | aja kalayatan | Surapati turira | sandika aso rumiyin | sigra umangsah | Rahadèn Surapati ||

56. tinadhahan ginarudug ing sanjata | Surapati mangukih | nêngah sarowangnya | pan sampun sèlèh watang | rukêt angamuk lan kêris | Ki Surapatya | liwung awuru gêtih ||

57. saya kathah kang kamuk Kumpêni pêjah | malah tan ngambah siti | angidak bêbathang | sira Ki Surapatya | Êtak dipun parêpêki | apan kasasang | ing mimis lir dèn soki ||

58. dhuwungira walulas kang cinuriga | Rahadèn Surapati | sabên-sabên angsal | sadasa gya binucal | pan asalin dhuwung malih | apan mêngkana | sadangunya ajurit ||

59. Kapitan Tak mobat-mabit tandangira | ngabani ing Kumpêni | watên lutnanira | Bandêrpèl namanira | kapêranggul dènnya jurit | silih prajaya | lan Bul Jaladriyèki ||

60. pan sinuduk jajanya lutnan tan pasah | kumrampyang kêrenèki | pinindho tan pasah | malês gêbug sinapan | Bul Jaladriya ngingêri | gêgithokira | cinandhak saking wuri ||

61. pan kalumah Bandêrpèl wus kinakahan | ginarok wus ngêmasi | rameni kang yuda | rukêt ulêng-ulêngan | acaruk pêdhang lan kêris | sênjata pêjah | gêbug-ginêbug bêdhil ||

62. Surapati rukêt lan Kapitan Britman | sinuduk wanti-wanti | Britman datan pasah | asru malês amêdhang |

--- [f. 438r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 25 dari 96

tan pasah Ki Surapati | gêlut saksana | rame banting-binanting ||

63. Surapati cinakot gulu iringnya | ginêbêg alir anjing | Surapati gila | sakalarsa lumajar | sêdhih dening ilêrnèki | emut sêmana | Rahadèn Surapati ||

64. patrêm tapak kinandhut kanthong sarowal | ginagap wus tinarik | kapitan Baritman | ginoco gulunira | tatas pan sampun ngêmasi | pra pêsir samya | kamrubut anulungi ||

65. miwah wonge Surapati akèh prapta | rame gènira jurit | Bugis myang Makasar | prange akulithihan | mulat ing musuh agiris | Prabu Mêngkurat | suka gènnya ningali ||

66. Kapitan Tak mulat yèn Britman palastra | lakung bramatyèng ati | ingasahkên[27] bala | sakarine kang pêjah | Kumpêni atata malih | sarêng umangsah | sira Tak mobat-mabit ||

67. mugèng ngarsa pangamukira lir yaksa | sagung wadya Kumpêni | ambyuk sarêng mara | tadhah Ki Surapatya | miwah rahadèn apatih | sarêng umangsah | wadya galong mangukih ||

68. Kapitan Tak sinasog ganjur tan pasah | winatang datan busik | sigra anarajang | Rahadèn Surapatya | Êtak kang dèn parêpêki | ginoco sigra | Êtak awanti-wanti [a...]

--- [f. 438v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 26 dari 96

[...wanti-wanti] ||

69. datan pasah malik pucuking curiga | dhuwung binucal aglis | Radèn Surapatya | salin dhuwung ping tiga | panuduke wanti-wanti | Kapitan Êtak | têguh datan gumisir ||

70. upasira Kapitan Tak kalih dasa | tubus agêming jurit | ngêbyok saking kanan | dinubus binêdhilan | sira Radèn Surapati | sarowangira | sayah gènira jurit ||

71. nèng Pagongan atarap sami alênggah | Kumpêni ambêdhili | saking katêbihan | tan wani aparêka | sira Radèn Surapati | pan dhinawuhan | timbalane nrêpati ||

72. Surapati nêdha sampun kalayatan | dinukan ing nrêpati | alon aturira | nuhun gusti sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng suda | manahe ikang abdi ||

73. lawan rencang punika wontên kabranan | samyarsa nginum warih | igih tiga wêlas | rencang kang ngambên brana | wong Agandhèk wangsul aglis | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati ||

74. wong Agandhèk sigra umatur ing nata | ature Surapati | wus katur sadaya | mèsêm sri naranata | ngandika dhatêng kang rayi | hèh yayi êmas | sayah Si Surapati ||

75. tuwanana payo adhimas dèn egal | mênawa nêniwasi | pangeran dipatya | sandika ngaras pada | tumêdhak saking Sitigil | mring Kamandhungan | panggih lan [la...]

--- [f. 439r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 27 dari 96

[...n] wadyanèki ||

76. wadya Kapugêran anèng Kamandhungan | walulas kang Pinilih | binaktèng pangeran | kinèn salin busana | kadya wonge Surapati | muwah pangeran | busananira salin ||

77. iya mindha kadya wonge Surapatya | sawadyanira sami | sigra jêng pangeran | mingêr ngilèn lampanya[28] | mangalor anjog ing masjid | wadya walulas | tan ana sah lan gusti ||

78. nulya mêdal saking masigit mangetan | ing alun-alun prapti | ya ta Surapatya | awas dènnya tumingal | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umasah | wongira rêbut dhingin ||

79. Surapati angantêp pangamukira | miwah radèn apatih | wong Kumpêni tadhah | ya ta kanjêng pangeran | saha wadya marêpêki | napung ing yuda | amamor Surapati ||

80. jêng pangeran prapta ing ngarsanira Tak | dyan kinarutug bêdhil | pangeran apanggah | sarwi angagêm watang | Kyai Palèrèd kinardi | ingêmbat sigra | sira Tak dèn larihi ||

81. jajanira watgata anrus walikat | niba tan angulisik | wadyèng Kapugêran | walulas ngamuk rampak | alyir banthèng tawan kanin | numbak Wêlănda | kabèh lir numbak cindhil ||

82. têtumpêsan Kumpêni pating gulimpang | tan ana măngga pulih | gêmpur ingamukan | ing wadya Kapugêran | miwah Radèn [Radè...]

--- [f. 439v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 28 dari 96

[...n] Surapati | Kumpêni pêjah | wangke susun atindhih ||

83. wong Kumpêni winatara ikang gêsang | salawe lan wong Bugis | sumyur pan lumajar | ya ta Radèn Sindurja | Kumpêni dipun tulungi | kang nandhang brana | samya binaktèng loji ||

84. Surapati kalawan sawadyanira | sadaya lir angipi | jêng sri naranata | kang mugèng Sitibêntar | suka angandika aris | tuhu prawira | iya Si Surapati ||

85. timbalana yayi dipati dèn egal | lawan Si Surapati | Si Anrangkusuma | wong Gandhèk atur sêmbah | têdhak saking ing Sitigil | wus tinimbalan | sira pangran dipati ||

86. lawan Radèn Surapati pan agêpah | miwah radèn apatih | prapta ngarsa nata | asru dènnya ngandika | sarwi gumujêng nrêpati | padha bagea | kang mêntas magut jurit ||

87. hèh adhimas anêmên dènira yuda | akurda sun tingali | kang rayi tur sêmbah | mapan timbalan tuwan | sayêkti kawula ajrih | yèn tan nêmêna | aguguk[29] sri bupati ||

88. ikang rayi pinatêdhan dhêdharanan[30] | jêram kalawan manggis | timun lan sêmăngka | mijil saking jro pura | katiga samya abukti | rahadèn patya | myang Surapati kikin ||

111. Asmaradana

[Untung Surapati pinaringan ganjaran nagri Pasuruhan lan kaparingan nama Wiranegara. Radèn Sindureja anggentosi kalenggahan patih ing Kartasura. Kumendur Selut Driansah nyuwun pejahipun adipati Martapura dhumateng sunan Mengkurat.[31]]

1. ngandika sri narapati | marang Radèn Surapatya | ya liwat tarimaningong | nanging sira angetana | nêgara Pasuruhan | sun ganjarakên sirèku | ing kana sira luguha ||

2. sira

--- [f. 440r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 29 dari 96

apacaka baris | anèng nagri Pasuruhan | poma dèn prayêtna kewoh | lan sira sun wèhi aran | asêsiliha nama | iya namaa tumênggung | Tumênggung Wiranêgara ||

3. anêmbah Ki Surapati | kalakung panuhunira | ngandika malih sang katong | mring Radèn Anrangkusuma | iya sira milua | mring Pasuruhan yya kantun | kalawan Ki Surapatya ||

4. tur sêmbah rahadèn patih | ing karsa datan lênggana | apan ta sampun sinangon | Rahadèn Anrangkusuma | myang Ki Wiranêgara | busana lan kêton nyèwu | sang nata alon ngandika ||

5. payo mangkata tumuli | sadalan ngobong-ngobonga | anadene kang sun kokon | ambêbujung maring sira | iya wong Surabaya | lawan wong Madura iku | muwah wong măncanêgara ||

6. kalih sarêng atur bêkti | mangaras pada nalendra | tuwin ing Pangran Pugêre | saksana anulya mêdal | panggih lan wadyanira | ya ta wau kang winuwus | wadyèng Sampang Surabaya ||

7. saking kilèn angêbyuki | ing bêdhil binarêng surak | lir prawata rug syarane | myang wadya măncanêgara | sarêng dènnya umangsah | Radèn Surapati gupuh | wus larod sawadyanira ||

8. angetan dipun bêdhili | angabong-abong samarga [samar...]

--- [f. 440v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 30 dari 96

[...ga] | pan ingêlud saparane | maring wong măncanêgara | dening wadya Madura | lan wong Surabaya wasul[32] | ya ta ikang kawarnaa ||

9. sang nata kondur mring puri | wadya bubar sowang-sowang | sinêngkalan duk yudane | Surapati lawan Hèr Tak | naga sirna angrasa | wani kawuwusèng dalu |[33] Kumpêni ikang lumajar ||

10. kang sami kèndêl ing loji | pan ing dalu kesahira | ya icir kala igate | karainan duk ing marga | tumpês dening wong desa | kawarnaa sang aprabu | enjang miyos sinewaka ||

11. pêpêk kang wadya anangkil | sagung kang para dipatya | pra satriya ing ngarsandhèr | Pangeran Pugêr Dipatya | Pangran Arya Panular | Radèn Tapa anèng ngayun | sang nata lon angandika ||

12. hèh yayi mas adipati | salungane si apatya | kang sun gêntèkkên ligihe | pan Si Arya Sindurêja | kang rayi atur sêmbah | igih kalakung jumurung | ing karsa paduka nata ||

13. kalawan maninge yayi | lah arinira Si Tapa | pan wus liwat diwasane | iku sun paringi aran | Pangran Arya Mataram | lawan lêluguh wong sèwu | lawan si adhi Panular ||

14. iku padha sun paringi | nglimang atus luguhira | kalawan adhi maninge | si paman Natakusuma | isun karya wêdana | wong gêdhe wêdananipun [wêdanani...]

--- [f. 441r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 31 dari 96

[...pun] | kang rayi jumurung karsa ||

15. mupakat samya ngastrèni | sagung ikang pra dipatya | ing karsanira sang katong | nahan gantya kawuwusa | Rahadèn Surapatya | ikang maksih dèn bêbujung | ing ênu datan winarna ||

16. ing Pasuruhan wus prapti | sagunging para dipatya | abêbujung bali kabèh | ya ta Radèn Surapatya | kang anèng Pasuruhan | wus têtêp dènira luguh | tan ana ikang sumêla ||

17. suyud nagri kanan kering | ing Bangil lan Prabaliga | ing Pajarakan wusdene | myang ing Japan Wirasaba | ing Daha lan Sarêngat | ing Malang Rênon sumuyud | sawakèng[34] mring Pasuruhan ||

18. sawetaning Arga Wilis | seba kang băngga binahak | sampun andadi barise | ya ta sagung pra dipatya | măncanêgara prapta | ing Kartasura wus katur | ing nata sasolahira ||

19. sukèng tyas sri narapati | ya ta ikang kawuwusa | pan wus miyarsa wartine | Kumêndur Sêlut Driansah | kang anèng ing Japara | yèn Kapitan Êtak lampus | tumpêsan Kumpêninira ||

20. ayuda lan Surapati | ing alun-alun dènnya prang | sêmana mêngkak manahe | Kumêndur Sêlut Driansah | sampun akarya surat | kang dinuta layar gupuh | maring nagri Batawiyah ||

--- [f. 441v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 32 dari 96

21. mêngkana ikang winarni | Radèn Arya Sindurêja | pan sampun mêsat dutane | marang ing nagri Japara | pangandikaning nata | kinèn pra sandu asung wruh | yèn Êtak tiwas ing yuda ||

22. miwah wadyaning nrêpati | akathah kang nandhang brana | ikang palastra padene | kang duta prapta Jêpara | ngaturakên pustaka | maring ing Kumêndur Sêlut | Driansah gya tinupiksa ||

23. miyarsa têmbunging tulis | kumêndur èmêng i nala | kalakung mêkak manahe | miyarsa têmbunging surat | tan mawi wêwangsulan | mêngkana ikang cinatur | pan nêgari ing Jêpara ||

24. wong Jawa lawan Kumpêni | tan ana saba-sinaba | butarêpan sadinane | wau duta Kasindurjan | wus prapta Kartasura | katur dhatêng sang aprabu | yèn kumêndur sangêt mêngkak ||

25. mêngkana sri narapati | animbali pra dipatya | myang kang rayi katigane | sapraptanira ing pura | samya mugèng ngayunan | sang nata ngandika arum | hèh yayi mas adipatya ||

26. paran karsanira yayi | dening Si Kumpêni mêngkak | iku ta ing karsaningong | yèn ana kang dadi marga | yayi bêcik wasisan | ilanga kalilip isun | Pangeran Pugêr tur sêmbah ||

27. yèn kenging amba ngaturi | sampun kadya sapunika | têmah ruara jagatde[35] | yèn nata cidrèng wêcana | suda ikang darajat |

--- [f. 442r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 33 dari 96

yèn karsa panduka nglantur | asangêt atur kawula ||

28. sanadyan punika kapir | tan wênang yèn cinidranan | pan kapir rowang dununge | dadya sampun kalampahan | têtulung ing panduka | dening wontên marginipun | sok sampun saking paduka ||

29. yèn wontên margine malih | kadya kang wus kalampahan | sumăngga karsa sang katong | dadya sang nata ngandika | yèn mêngkono yayi mas | aturirèng pugawa gung | sapa kang sagungp[36] anjuma ||

30. iya mêngkaking Kumpêni | pan agung ganjaraniwang | payo pikirên dèn age | pangeran wus apêrnata | mêdal sagung dipatya | ing Srimanganti gya rawuh | tan winarna solahira ||

31. sagung kang para dipati | pasisir măncanêgara | kang tinari samya mopo | wontên abdining narendra | lugyèng mantri kaparak | Kya Jiwaraga ranipun | punika kang sumanggupa ||

32. katur ing sri narapati | ingidèn gya lumaksana | amundhi surating katong | myang kêkintun warna-warna | tan winarna ing marga | ing Japara sampun rawuh | Ki Ngabèi Jiwaraga ||

33. lajêng tumamèng ing loji | pêpikulan mugèng ngarsa | nèng jawining pintu andhèr | kagyat Kumpêni kang miyat | ya ta Ki Jiwaraga | pinagil marang Kumêndur | Sêlut Driansah wus panggya ||

34. Ki Jiwara lingnya ris |[37]

--- [f. 442v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 34 dari 96

tuwan manira dinuta | matêdhakakên surate | kajêng gusti sri narendra | prabu ing Kartasura | lawan ikang pakêkintun | igih kuda sakêmbaran ||

35. lawan susuh pitung dhacin | lêmbu sèkêt lan marica | kumêndur gupuh anthuke | pan sarwi ambuka surat | sampunnya tinupiksa | titi kadriya kang têmbung | Kumêndur Sêlut Driansah ||

36. ngrêrêpa dènira angling | hèh Kiyai Jiwaraga | apuntênipun sang katong | dening kawula agêga | warti kang tanpa tanah | yaktine baik sang prabu | punapa kang rinaosan ||

37. pan kacatur tigang latri | Jiwaraga nèng Japara | lakung panyuba-nyubane | Kumêndur Sêlut Driansah | sampun akarya surat | asul-angsule[38] sang prabu | saha ngaturi rêruba ||

38. baludru renda myang gêndhis | êtèh pan sampun tinampan | Ki Jiwaraga nulya ge | mintar saking ing Japara | datan kawarnèng marga | ing Kartasura wus rawuh | katur ing sri naradipa ||

39. yèn Jiwaragèng sal kardi | surat katur sri narendra | myang sadaya tur-ature | kang surat wus tinupiksa | suka Prabu Mêngkurat | Ngabèi Jiwaragèku | sêmana pan wus ginanjar ||

40. apan kinarya bupati | pinatêdhan ing Japara | kinarya pamugarine | Kumpêni kang nèng

--- [f. 443r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 35 dari 96

Japara | sira Ki Jiwaraga | wus pinatêdhan jêjuluk | ran Tumênggung Martapura ||

41. wus kinèn budhal tumuli | marang nagri ing Japara | nuhun sandika ature | Ki Tumênggung Martapura | pan sampun asanega | lan saanak rabinipun | wus budhal saking nêgara ||

42. ing marga datan winarni | prapta nêgari Jêpara | kumêndur lakung sukane | dening Kyai Jiwaraga | jinujung ligihira | lan tinuduh karyanipun | Kumpêni pamugarinya ||

43. Tumênggung Martapurèki | wus têtêp dènira lênggah | nèng nagri ing Japarane | sêmana pan sampun lama | nêgara ing Jêpara | bicara Kumpêni runtut | sawusira ing antara ||

44. ya ta ana wong Kumpêni | ngambil ayame wong Jawa | kang darbe ayam tan awèh | pan dadya atêtukaran | Wêlănda ginêbugan | cinêkêl binănda sabuk | lajêng kinarya kasukan ||

45. raine dèn lêlerongi | ing apu lan gêtih jarak | kunir ênjêt bacingahe | saparan dadya gujêngan | ya ta katur sêmana | marang ing kumênduripun | Driansah kalakung gusar ||

46. dahat larane kang ati | mring Tumênggung Martapura | wus karya surat duta ge | mintar saking ing Jêpara | marang ing

--- [f. 443v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 36 dari 96

Kartasura | datan kawarna ing ênu | duta prapta Kartasura ||

47. lajêng mring rahadèn patih | duta ngandikan mring ngarsa | pan sampun katur surate | Radèn Arya Sindurêja | lajêng tumamèng pura | katur dhatêng sang aprabu | yèn surat saking Jêpara ||

48. gya tinupiksèng nrêpati | têmbungnya akara-kara | anênuhun mring sang katong | Kumêndur Sêlut Driansah | pêjahe Martapura | punika ikang kasuwun | ing Kumpêni siya-siya ||

49. dukèng tyas sri narapati | nimbali pugawanira | myang kang rayi katiga ge | sapraptanira ing pura | sang nata angandika | yayi mas dèn marang ngayun | payo sagunging dipatya ||

50. pangeran majêng wotsari | myang para pugawanira | nata angandika alon | hèh yayi Pugêr wruhanta | layange Si Wêlănda | alane kalakung-lakung | apawong sanak lan iwang ||

51. dening ta awani-wani | anjaluk pugawaniwang | Si Martapura patine | ingaranan siya-siya | dening tan angupama | maring wong Kumpêni iku | wani akarya kasukan ||

52. mêngko jinaluk mring kami | ilange Si Martapura | dening yayi karsaningong | si paman Natakusuma | Si Arya Sindurêja | lan Si Mangunonêng iku | Si Binarong Suranata ||

53. kalima [ka...]

--- [f. 444r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 37 dari 96

[...lima] sun duta sami | marang nêgara Jêpara | anadene ing lakune | taria Si Martapura | yèn jinaluk Wêlănda | yèn dhèwèke wani ngamuk | kabèh sun kon têtulunga ||

54. kang rayi matur ngabêkti | igih sakarsa paduka | lamun prayogi margine | sang nata ris angandika | hèh Arya Sindurêja | padha gabahên baturmu | myang paman Natakusuma ||

55. miliha wong bêcik-bêcik | aja ta kudu akathah | kang padha prawira tagon | miwah sira Suranata | padha gabaha bala | Si Mangunonêng yya kantun | Binarong padha dèn yitna ||

56. kalima sarêng tur bêkti | sang nata malih ngandika | hèh Sindurêja dèn age | nuli sira asulana[39] | dutane Si Wêlănda | munia ing sasi besuk | katrape Si Martapura ||

57. yèn sira kang isun tuding | lan papat pugawaniwang | kang padha sun srahi gawe | amatèni Martapura | munia jroning layang | Arya Sindurja wotsantun | lèsèr saking ngarsa nata ||

58. sapraptanira ing jawi | pan sampun akarya surat | sinungkên duta sira ge | mêsat mantuk mring Japara | tan kawarna ing marga | praptèng Jêpara tumanduk | ing loji kumêndur panggya ||

59. tinampan surat nêrpati | ing kumêndur tinupiksa | kalakung suka driyane | Kumêndur Sêlut parentah [pare...]

--- [f. 444v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 38 dari 96

[...ntah] | ing wadya Kumpêninya | kinèn sumakta sêsugun | yèn prapta dutaning nata ||

60. wusnya mêngkana winarni | sadhatêngira ngantara | pan sampun gantya sasine | Radèn Arya Sindurja |[40] sawadya asanega | miwah kang pugawa catur | sawadyanira sumêkta ||

61. asaos ing Păncaniti | sigra samya angandikan | lajêng tumamèng kadhaton | prapta ngarsaning narendra | pugawanya lêlima | wus tampi pitungkas tuhu | kalima sarêng tur sêmbah ||

62. saksana prasamya mijil | sapraptanira ing jaba | lajêng budhal sawadyane | gêgaman awarna-warna | ing marga tan kawarna | gancanging carita rawuh | pan nêgari ing Japara ||

63. Tumênggung Martapura glis | wus saos pasanggrahan |[41] mugèng ing alun-alune | kumêndur pan wus miyarsa | yèn prapta duta nata | sigra Kumpêni amêthuk | ing ênu sampun apagyang[42] ||

64. lawan rahadèn apatih | wusnya cundhuk têtabean | anulya lajêng lampahe | ing alun-alun wus prapta | wadya Kumpêni urmat | sênjata lir prawata rug | tambur gumuruh lir gêrah ||

65. lajêng tumamèng jro loji | Radèn Arya Sindurêja | myang pugawa sakancane | Kumêndur Sêlut Driansah | lakung angupasuba | Radèn Sindurja amuwus | manira tuwan dinuta ||

66. dening gusti sri bupati | prakara Ki Martapura | igih kasraha [ka...]

--- [f. 445r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 39 dari 96

[...sraha] pêjahe | nanging karsaning narendra | wontêna ngarsa dika | Martapura pêjahipun | ing benjang kawula bêkta ||

67. yèn sampun prapta ing loji | pun Tumênggung Martapura | andika sêndhal dhuwunge | poma andika sumêkta | manira gih samêkta | mênawa tiwas ing laku | pun Martapura digdaya ||

68. marma samya ngati-ati | sagung prajurit manira | benjing manira bêktèng jro | rumêksaa pêkênira | kumêndur lakung suka | saya trima kasih suguh[43] | pracayane sri narendra ||

69. angling Radèn Sindurja ris | tuwan lilah pêkênira | manirarsa amakuwon | angasokakên ing wadya | ya ta kumêndur sigra | angatêrakên ing pintu | rahadèn wus masanggrahan ||

70. miwah sagunging bupati | sadaya wus masanggrahan | datan antara praptane | suguhe Ki Martapura | agili jêjodhangan | ing ari datan winuwus | yyang arka nitih ngancala ||

71. ing dalu ika winarni | Ki Tumênggung Martapura | ingandikan maring pondhok | gunêman lan radèn patya | miwah catur pugawa | Radèn Arya Sindurja sru | ngandika mring Martapura ||

72. hèh Martapura sirèki | jinaluk marang Wêlănda | timbalan dalêm maringong | miwah kang catur pugawa | yèn sira wani nglawan | isun kinèn milu ngamuk | lawan sakănca manira ||

--- [f. 445v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 40 dari 96

73. Pangran Natakusuma ngling | igih adhi Martapura | yèn besuk prapta loji jro | yèn pêkênira cinandhak | kabèh kănca manira | nora talangke angamuk | yèn dika wani anglawan ||

74. barêng mati barêng urip | bupati kalawan sira | Martapura lon ature | yèn mêkatên kang timbalan | igih purun kawula | wuwuha Kumpêni sèwu | kawula datan sumigah ||

75. amusuh lawan si kapir | ing pundi gone kapanggya | ngrasanga baluwartine | pan igih purun kawula | sun sêdya sabilolah | alah silih raganisun | mati bubukên kewala ||

76. lêhêng mati prang lan kapir | yèn mati tuk marga padhang | sarwi anampèl pupune | sukèng tyas pugawa pănca | miyarsa ing sagupnya | Ki Martapura ambubruk | ing dalu datan winarna ||

77. ya ta kawarnaa enjing | pugawa samya sanega | Radèn Sindurja wadyane | satus ikang pêpilihan | kang badhe sarêng pêjah | kang arsa binêkta masuk[44] | dening wadya kathah-kathah ||

78. badhe mugèng jawi loji | Pangeran Natakusuma | salawe pêpilihane | kang badhe sabaya pêjah | Tumênggung Suranata | sawidak sêntananipun | kang samya tumut palastra ||

79. Ki Magunonêng amilih | wong Pathi pan kawan dasa | kang yogya barêng lêbure | Ki Binarong

--- [f. 446r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 41 dari 96

pilihannya | antuk wong salawe prah | kang badhe tumut malêbu | ing loji sabaya pêjah ||

80. Tumênggung Martapurèki | amilih wong kawan dasa | wadyèng Jêpara nom-anom | kang samya dinulangmangap | yogya naur kantaka | Radèn Arya Sindurjèku | sigra angrasuk busana ||

81. dhuwung sakawan winangking | kalima cundrik punika | kang minăngka cêcothene | Pangeran Natakusuma | making[45] dhuwung têtiga | Kyai Gupita ing ngayun | cinothe mugèng adhakan ||

82. Tumênggung Suranatèki | sakawan curiganira | Ki Kêbyuk mugèng cothene | Ki Mangunonêng nyuriga | dhuwunge kang wasiyat | Tumênggung Binarong sampun | amangking dhuwung wasiyat ||

83. Pangran Natakusuma ngling | hèh sanak-sanak manira | poma ja kongsi talangke | anêdha bubuh-bubuhan | pagêdhene ijèna | kapitan myang lutnanipun | aja kongsi adhi lurah ||

84. yèn tumandanga ngawaki | iku sipating narendra | ana dening kumêndure | ikang adu bubuhan |[46] isun ikang nrêrajang | wus dadya pacanganipun | kêris isun Si Gupita ||

85. mèsêm rahadèn apatih | pangeran nuwun kawula | dènnya gêng asih mulène | nanging ta badan kawula | igih măngsa kantuna [ka...]

--- [f. 446v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 42 dari 96

[...ntuna] | lawan sampeyan angamuk | sarênga sabaya pêjah ||

86. ya ta kang para dipati | samya ngaturkên prasêtya | ajangji sarêng lêbure | wau ta sampun siyaga | wadya kang pêpilihan | samya sikêp pêdhang suduk | wanèh tumbak cêcêndhêkan ||

87. gya mangkat rahadèn patih | lawan kang catur pugawa | myang wadya prayitnèng kabèh | Kya Tumênggung Martapura | apan kinèn ngantuna | mangke yèn dyan patih rawuh | ing loji ginuladrawa ||

112. Dhandhanggula

[Tumenggung Martapura kaperjaya dening punggawa Kartasura.[47]]

1. lampahira prapta ngarsa loji | wau Radèn Arya Sindurêja | myang pugawa sakancane | kumêndur sigra mêthuk | saha wadya Kumpêni baris | urmatira wurahan | Radèn Sindurjèku | wusnya cundhuk têtabean | pan sadaya ngaturan masuk ing loji | prapta lênggah atata ||

2. mugèng kursi wadya tap ing wuri | sêsêliran binêkta sadaya | lakung panyuba-nyubane | sira tuwan kumêndur | wusnya larih kênèt braduwin[48] | kumêndur lon angucap | paran èstunipun | radèn karsa jêngandika | anauri wau Radèn Sindurja ris | mangke manira undang ||

3. maksih kadya rêmbag duk ing wingi | ya ta kumêndur kalakung suka | pan wus andhèr Kumpênine | kang samya dêling kewuh | dene ikang mugèng ing kursi | wêtara sapta wêlas | Kumpêni kang agung | ambanjêng ayun-ayunan |

--- [f. 447r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 43 dari 96

lan sagunge wau kang para dipati | batine jêng-ajêngan ||

4. radèn apatih sigra anuding | akèn nimbali ing Martapura | kang dinuta nêmbah lèngsèr | asigra lampahipun | sampun prapta dalêmingra[49] glis | Tumênggung Martapura | api-api ngêlu | mukane pan sinêmburan | Martapura sêsarean dèn pêtêki | duta prapta angucap ||

5. nêdha egal ngandikan mring loji | Martapura alon aturira | iya anak kaya priye | sun iki lagi ngêlu | mêngko thithik mênawa mari | Tumênggung Martapura | ing manah kaduwung | dening akèh sagupira | yèn kênaa tinêbas ing êmas picis | wurunga badayuda ||

6. duta nulak wus prapta ing loji | katur lamun Kyai Martapura | lagya angêlu sakite | Rahadyan Sindurjèku | jajanira lir wora-wari | ngatirah netranira | kang lathi kumêdut | tansah ginigit kang waja | gya kumêndur miyat radèn sangêt runtik | ngrêrêpa wuwusira ||

7. lah punapa dustak ing Kumpêni | mila kawula matur ing nata | miwah mring andika radèn | akuh-piyakuhipun | pun Tumênggung Martapurèki | kadya dede manusya | ing satuhunipun | kaya dede wong bênêran | cacakane tuwan radèn kang nimbali |

--- [f. 447v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 44 dari 96

sagêd umatur awad ||

8. ikang jamak sasat sri bupati | kang tumêdhak nèng nagri Jêpara | yèn anggêp kawula radèn | dhatêng tuwan puniku | tan kêkalih lawan narpati | nêdhaki ing kawula | ambanjiri madu | ngêrobi sagara kilang | aprasasat kawula manggih rêtna di | sawukir Danaraja ||

9. yèn makotên tinimbalan malih | sangadia Kumpêni nugata | kasukan mring tuwan radèn | gantya ing besuk esuk | pan kawula samya dhatêngi | ing wisma Martapura | kasukan anutug | mèsêm Radèn Sindurêja | angandika maring pugawa kêkalih | hèh kakang Suranata ||

10. lawan kakang Binarong dèn aglis | tuwanana ya Si Martapura | kaya kapriye ature | yèn si badane iku | maksih ngaku sipat bupati | sira gawaa egal | yèn nir sipatipun | kabupatène dirucat | angulihi bèbète wong nyadak pitik | lah kakang wasisakna ||

11. sira cangkinga êndhase aglis | dyan umangkat Kyai Suranata | lan Binarong sawadyane | datan kawarnèng ênu | prapta wisma Martapurèki | Tumênggung Suranata | asru dènnya muwus | hèh bagus Ki Martapura | atampia timbalane radèn patih | sira apa manusya ||

12. apa

--- [f. 448r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 45 dari 96

maksih ngaku sira iki | anama Tumênggung Martapura | asipat kabupatène | yèn maksih sira ngaku | isun kinèn gawa tumuli | yèn sira eling nyadak | wijiling wong buruh | cangkêmmu asuleweran | apan isun kinèn anyangking tumuli | ya maring êndhasira ||

13. alah payo sira pilih êndi | Martapura sumaur alatah | hèh kakang ora-orane | isun maksih tumênggung | nora sêdya cidra ing jangji | nanging ta wau kakang | isun lagi ngêlu | mêngko kakang nêdha mangkat | salawase sun sêdya awora gêtih | matia lan si kopar ||

14. Ki Tumênggung Suranata bêkik | adhuh bok aja kakehan ujar | asaru dèn rungokake | sun arani wong buruh | sira iki dadi prayayi | atimu kaya kompra | sagupmu kamrusuk | saksana sarêng umangkat | Martapura lawan pugawa kêkalih | myang wadya pêpilihan ||

15. tan adangu lampahira prapti | Ki Tumênggung Suranata agya | Binarong Martapurane | katiga sarêng masuk | wusnya tabe lugyèng ing kursi | Pangran Natakusuma | asru dènnya muwus | baya adhi Martapura | lagi ewuh bêburuh amikul pitik | suwe tan ana prapta ||

--- [f. 448v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 46 dari 96

16. wontên lutnan andêlirèng wèsthi | wus winangsit kinèn anglariha | marang Ki Martapura ge | dyan anglarihi gupuh | Martapura dènnya nanggapi | gumêtêr atinira | lutnan mingêr gupuh | ikang kiwa nyêkêl talam | asta kanan anyandhak dhuwungira glis | Tumênggung Martapura ||

17. kêna siji kasêlak ngigati | samya umadêg sagung pugawa | myang Kumpêni ngadêg kabèh | Martapura lumayu | têbah jaja rahadèn patih | Pangran Natakusuma | mijêt manahipun | Ki Tumênggung Suranata | Mangunonêng Binarong kinèn nututi | Martapura kacandhak ||

18. kapêgatan dening wadya jawi | Martapura sampun sinudukan | ajur mumur kuwandane | Suranata sru muwus | sêsêmpalên pakakna anjing | sigra kawula Dêmak | anyênyêmpal gupuh | ing jisime Martapura | Suranata kinèn jêjarah tumuli | ing wisma Martapura ||

19. anak rayate wus dèn jarahi | brana cinacahakên sadaya | atanggênah ing mantrine | Ki Suranata wangsul | sakancane marang ing loji | kumêndur kawarnaa | lakung sukanipun | muwus mring Radèn Sindurja | latah-latah kumêndur sarwi anglarih | radèn nyana kawula ||

20. Martapura ambadakalani[50] | botên andipe yèn jalma rucah | atêbah lan piyakuhe | tuwan radèn puniku | ngati-ati bêkta [bê...]

--- [f. 449r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 47 dari 96

[...kta] prajurit | radèn patih ngandika | pan sarwi gumuyu | gih manira nyana wangkal | nadyan dhingin duk maksih aligih mantri | wontên ing Kartasura ||

21. Jiwaraga sampun nglêlanangi | kumêndur saya alatah-latah | yèn mêkatên tuwan radèn | igih salaminipun | pan kasaru wau duk prapti | Tumênggung Suranata | lan sakancanipun | katur ing Radèn Sindurja | yèn isine wisma sampun dèn jarahi | rayate binoyongan ||

22. atur sêrat kêkitir dunyèki | nanging maksih rinêksèng mandhapa | miwah saanak rayate | rinêksa mantri agung | Dêmak Garobogan ing Pathi | Rahadèn Sindurêja | mojar ing kumêndur | hèh sundara[51] jêngandika | mênawi ta wontên ikang dèn karsani | tilare Martapura ||

23. ikang warni brana lawan bini | sira kumêndur mangrêpa mojar | ikang botên-botên radèn | pan kagêngane ngratu | yèn kawula anuhun ajrih | Kumpêni wus kalintang | trima kasihipun | dhatêng gusti sri narendra | pan kawula dèrèng sagêd amangsuli | sagunging kabêcikan ||

24. radèn apatih ngandika malih | dhawuhakên timbaling nata |[52] hèh sudara lan malihe | timbalane sang prabu | aprakara pun Surapati | mangke nèng Pasuruhan | madêg barisipun | bêbahak mănca

--- [f. 449v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 48 dari 96

nêgara | sra[53] narendra amundhut wadya Kumpêni | amukul Surapatya ||

25. ikang badhe tinuduh ing kardi | minăngka senapatining yuda | Adipati Mandurane | lawan ing Surèngkewuh | ngirid sagung wadya pasisir | wulan ngajêng punika | nênggih angkatipun | yèn wus dadya kang pirêmbag | pêkênira ing benjang kintuna tulis | pasthine kang ubaya ||

26. kumêndur alon dènnya nauri | yèn mêkatên rahadèn kawula | atur srat mring Batawine | tur wikan ing gurnadur | yèn karsane sri narapati | mundhut bala Wêlănda | kinarya amukul | marang nagri Pasuruhan | Radèn Arya Sindurja jumarèng[54] kapti | wus bubar masanggrahan ||

27. tan winarna solahirèng nguni | Radèn Arya Sindurêja lawan | catur pugawa limane | nèng Jêpara nêm dalu | duk sêmana pan sampun amit | budhal mring Kartasura | saha wadyanipun | kumêndur tur-aturira | mring sang nata sagunge kang pèni-pèni | kabêkta ing rahadyan ||

28. tan kawarna lampahirèng margi | wau Radèn Arya Sindurêja | myang pugawa sakancane | wus prapta Kartapurun | pan wus katur maring nrêpati | kalima ingandikan | tumamèng kadhatun | sapraptanira ngayunan | tur pranata sira rahadèn apatih | miwah catur pugawa ||

29. katur sadaya ing sri bupati | lampahira duk anèng [a...]

--- [f. 450r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 49 dari 96

[...nèng] Jêpara | Martapura sasolahe | gumujêng sarya ngungun | angandika sri narapati | ing Radèn Sindurêja | sanak putunipun | Martapura biratana | isun datan arsa angakua dasih | bèbète Jiwaraga ||

30. sira Radèn Sindurja wotsari | ngaturakên sagunging bicara | myang kumêndur tur-ature | wus katur ing sang prabu | dyan apatya tur sêmbah mijil | saking jroning kadhatyan | myang pugawa catur | nahan gantya kawuwusa | Panêmbahan Kajoran kang anèng wukir | kidul mangke abăngga ||

31. duk bêdhahe nagri ing Kadhiri | pisahira lawan Trunajaya | panêmbahan pangilène | wong bang wetan kèh tumut | padhusunan măncanêgari | mantuk maring Kajoran | sêdyanirèng kalbu | sapraptanira Kajoran | kapiyarsa saking nêgari Matawis | duk prapta Ingalaga ||

32. maksih umadêg anèng Matawis | ing Kajoran ginitik ing yuda | panêmbahan sakawone | ngusi ing Wukirkidul | tapèng sirahing jalanidi | lawan sêsabatira | nèng guwa manêkung | sawuse ngantara lama | panêmbahan anulya umadêg baris | kêkuwu nèng Malambang ||

33. wong Gunungkidul samya kinait | wus sumuyud marang panêmbahan | sampun andadi [a...]

--- [f. 450v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 50 dari 96

[...ndadi] barise | nèng Malambang kêkuwu | cucuking prang sampun ngudhuni | abaris ing Kalisan | samya ngirup-ngirup | kanan kering ing Kalesan | pan sadaya kang băngga dipun gêcêki | sigêgên pamijilnya ||

113. Mijil

[Nata ing Kartasura puputra kakung saking garwa selir ratu Kulon, kaparingan jujuluk pangéran adipati anom Mengkunagara.[55]]

1. nahan gantya winuwusa malih | kang baris ing Gêndhong | Pangran Sampang myang pratiwa kabèh | lami nganti Kumpêni tan prapti | magêng tikbrèng galih | sakèh pratiwa nung ||

2. gènnya baris madyane wanadri | lor kidul lan kulon | wetan wismane pra dipati kyèh | acêcikal rineka nêgari | karangnya waradin | banjêng ing lêlurung ||

3. pagunêman sagunging dipati | pêpêk anèng pondhok | Dipati Mandura pan agawe | patilasing ayuda sadhidhik | rêmbug pra dipati | angadu prang cucuh ||

4. samya apacalang bagi mantri | nanging kang pakewoh | Dipati Surabaya rêmbage | angaturi uningèng nrêpati | baranging prakawis | lakung rèhing prabu ||

5. tan antara sigra matah mantri | kang badhe kinakon | mawa kantaki[56] katur ing rajèng | duta mêsat sing Gênthong lumaris | tan kawarnèng margi | prapta Kartapurun ||

6. nahan kawarna pramèsyara ji | kang padmi di kaot | putri Sumêdhang kang pamukase[57] | sinung aran Ratu Kancana di | kang kêkalih Jawi | sinêngkakkên ratu [ra...]

--- [f. 451r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 51 dari 96

[...tu] ||

7. putri ikang saking Surawèsthi | ran Dyan Ayu Êlor | Dèn Ayu Kidul măngka sisihe | Dyan Ayu Kulon kang marujoni | sununya anênggih | ran Tanujiwèku ||

8. para sêlir tan kêna winilis | ikang winiraos | amung garwa ikang padmi bae | èsmu awis pratmaja nrêpati | Ratu Kulon sigih | mung ikang sêsunu ||

9. anging sajuga jalu apêkik | putra jêng sang katong | kadya sămba thi-athi cetrane | rumaja putra yusyanya[58] lagi | wus sinung kêkasih | ing rama sang prabu ||

10. akêkasih Pangera Dipati | Mêngkunagara Nom | lakung ingugung ing sakarsane | ingêla-êla dening nrêpati | wus sinung lêligih | cacah gangsal èwu ||

11. padalêmane pangran dipati | sawetan kadhaton | ginadhang-gadhang gantya natane | dinama-dama dening nrêpati | kadhaton winarni | duk ing mulanipun ||

12. apan bêbêthèk anyare kariyin |[59] anulya jinaro | sampunnya jaro gêbyog pagêre | wusnya lami banon kang kinardi | pagêr banon bumi | binacingah sampun ||

13. datapitanên lingira nguni | gênti winiraos | Pangran Pugêr kang drêman putrane | èstri kêkalih samya yu luwih | pilih kang tumandhing | putranya kang jalu ||

14. pêpitu nanging pambajêng èstri | ikang adi kaot | Radèn Ayu Lêmbah pêparabe | kasub ing rat [ra...]

--- [f. 451v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 52 dari 96

[...t] kaloka sa-Jawi | tan ana kang mirib | dyah sa-Kartapurun ||

15. pinacang-pacang lan putra aji | Pangran Dipatya Nom | wasta Dyan Ayu Ipun[60] arine | putra jalu kawarnaa malih | Dyan Teja anênggih | panênggake jalu ||

16. arinira wasta Radèn Mêsir | Radèn Papak anom | Radèn Kawa ikang anèm dhewe | sadaya putra ngampeyan sami | putra saking padmi | wau kang cinatur ||

17. putri saking Juminahan padmi | warnanya di kaot | pan mêdali têtiga putrane | sadaya jalu warnanya pêkik | wastane anênggih | Dyan Surya kang sêpuh ||

18. Radèn Sasăngka arine nuli | Dyan Sudama anom | jangkêp têtiga pangran putrane | ikang miyos saking garwa padmi | nahan kang winarni | sira sang aprabu ||

19. lagya pinarak sri narapati | lugyèng Ratu Kulon | animbali mring rajaputrane | Adipati Anom agya prapti | ing ngarsa nrêpati | gêpah ngaras suku ||

20. angandika arum sri bupati | adhuh anak ingong | wus agêdhe nutug biraine | wus sêdhênge amawia krami | yèn isun tingali | diwasa kalakung ||

21. pamanira ing Pugêr Dipati | atmajane wadon | wus diwasa tur pelag warnane | sun pundhute kramanana benjing | kaki aprayogi | somaha sadulur ||

22. luwih utamanira akrami | aja kaparèng doh | lan maninge ja lirwa ngujare |

--- [f. 452r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 53 dari 96

benjang yèn sirarsa dadi aji | kalamun marêngi | karsaning Yyang Agung ||

23. poma kaki yèn isun ngêmasi | aja sira adoh | lan pamanira iku Pugêre | aja sira gêrahkên kang galih | pamanira ugi | ngrat Jawa pêpaku ||

24. lan pamanira Sampang Dipati | poma wêkas ingong | yya sira susahakên atine | dadi kanthinira iku benjing | lan ing Surawèsthi | pratmaja ji matur ||

25. pukulun kawula dèrèng paksi | myarsa warti mawon | yèn paman Pugêr yu pratmajane | nata ngandika miyanga kaki | Kapugêran bêcik | amaraa tamu ||

26. wruha dhewe mri rènira kaki | lisène[61] têtijo | pangran manêmbah lèngsèr sira ge | praptèng jawi patihnya apanggih | myang para kêkasih | sadasa kyèhipun ||

27. ran Sutama kalawan Sutami | Sutathip Suthiwon | pra kêkasih gumarêbêg kabèh | Sutakabluk Kontholbêlang ngiring | myang Ki Gagarusit | lawan Sutakithung ||

28. pangeran arja akampuh putih | adi piniraos | kinakonang tinurut tirahe | alancingan cindhe puspita di | panisêt mantêsi | mas tinali datu ||

29. arja akuluk magak barêci | apelag yèn tinon | apan aegal pangran lampahe | sêsigahaning marga barangin | tan kawarnèng [kawar...]

--- [f. 452v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 54 dari 96

[...nèng] margi | Kapugêran rawuh ||

30. têdhak saking turaganira[62] glis | kèndêl anèng regol | kang têngga kori tur uninga age |[63] yèn putra nata pangran dipati | têdhak anèng jawi | Pangran Pugêr gupuh ||

31. panakawan kinèn gêlar lampit | pangran ngandika lon | akèn nimbali pra pinutrane | Dyan Teja lawan Rahadèn Mêsir | Dyan Surya myang ari | Dyan Sasăngka rawuh ||

32. Radèn Kawa Dyan Sudama prapti | pangran ngandika lon | hèh padha sira mapaga age | sadaya marang Pangran Dipati | wus anèng ing kori | pratmajanya gupuh ||

33. Dyan Suteja sêpuh lumakyèng ngapti |[64] ngiring praptèng regol | cundhuk lawan Pangran Dipatya ge | Dèn Teja matur saha wotsari | lah suwawi gusti | ingaturan masuk ||

34. ngowahi kuluk pangran sira glis | koncane linongsor | sinampirakên nèng curigane | lumaksana ingiring para ri | wadya karèng jawi | kêdhik ikang tumut ||

35. gêpah Pangran Pugêr anuruni | nyandhak astanya lon | Pangran Dipati atur sêmbahe | dyan binêkta pinarak ing panti | pratmaja nèng siti | pangran ngandika rum ||

36. kadingarèn anggèr praptèng ngriki | sêmune agatos | mênawa agèr wontên karsane | Pangran Dipati turira aris | raka panduka ji | kawula kang nuduh ||

37. Pangran [Pangra...]

--- [f. 453r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 55 dari 96

[...n] Pugêr graita ing ati | tanggaping pasêmon | angandika maring pratmajane | Radèn Sudira punika sigih | wastanya kêkalih | Dyan Teja ranipun ||

38. Radèn Sudira sumêsêp aglis | binisikan alon | mêsat kinèn nimbali kadange | Radèn Ayu Lêmbah ikang pinrih | ngladosna tumuli | pawohan ing tamu ||

39. kawarnaa wau sang dewastri | lagya mêmaraos | kampuh jiga ngaryakên[65] pra rine | gènira nèng ing wisma kang wiking | pra inya ngladèni | ing sang murtining rum ||

40. êmbannya katri samya nèng ngapti | warnane katuwon | sang dyah pidêksa sêdhêng gêdhene | sarira jênar ambêngle keris | lir pêputran gadhing | sinasayèng mancur ||

41. wêdana nawang sutèngsu wingit | rêsmining mancarong | ping patbêlas basata[66] mangsane | winingit ing imanya manipis | sriyêmba kaèksi | akarya lara kung ||

42. tênggaknya nglunging jăngga marnani | alisnya mindha ron- | ing imba balut lindri tingale | idêp tumêngge tawang angrawit | grana rungih-rungih rungih |[67] lir êmas binubut ||

43. waja gêsêng lir mirah ingagit | rênyêp-rênyêp tinon | pan awêlar ing wijang jajane | pambayun nêdhêng lir cêngkir gadhing | mênthêk-mênthêk manis |

--- [f. 453v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 56 dari 96

lir pendah andaru ||

44. dariji lurus amucuk ing ri | kesya mêmêk ijo | muyêk sang dyah ayu samadyane | alyir gora tapa yèn kaèksi | pamulu awilis | wênês yèn dinulu ||

45. padanya mindha gamparan gadhing | wêntis lir kinacok[68] | sah tinurut ing ijo otote | kumram lamun tinon anglangêni | kalamun kawikis[69] | gumêbyar lir daru ||

46. karêmêne sinjang sang lyir suji | kang limar sêsawon | kasêmêkan jiga mas tirahe | kadya layoning sêkar wratsari | citrane sang dèwi | lir sasăngka wêlu ||

47. darijya karêgèng[70] ing sotya di | mirah bang lan ijo | nila itên lawan widurine | itên bumi nèng jariji manis | kumrayok nêlahi | kadya lintang wuluh ||

48. amêwahi rungruming pangaksi | lir asari layon | asrawungan kênyare manise | sêkang bapang rinumpaka adi | amawi kêkitir | kumênyar dinulu ||

49. kagyat sang rêtna mulat ing ari | angandika alon | ana gawenira ta marene | Radèn Sudira umatur aris | kang bok ngandikani | rama dèn agupuh ||

50. kanjêng rama tamuan [tamua...]

--- [f. 454r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 57 dari 96

[...n] putra ji | Pangran Dipatya Nom | kinèn lados apawohan age | Dèn Ayu Lêmbah mèsêm sarya ngling | sukan[71] aku isin | dhayohe wong agung ||

51. dhasar putrane kang mêngku nagri | wantune wong anom | putrane wa ji bêsur wartane | sukan[72] aku ngladènana yayi | bok dèn calunthangi | putrane wa prabu ||

52. apa baya gawene mariki | wakane si bancol | Radèn Sudira asru ature | bok dinukan ing rama ta mangkin | dèn ayu dadya jrih | kang rayi tinurut ||

53. ngowahi sinjang kusuma adi | gêlunge winaon | kasêmêkanira wus winancèn | mangkatnya sinjang narampad siti | lir rigit nèng kêlir | tinon ngandul-andul ||

54. Radèn Sudira lumakyèng wuri | praptèng panti kulon | wohan tinata mugèng lancange | kancana di isi sadak rawis | têmbako awangi | canang sêdhahipun ||

55. apu campur jambe rambon wangi | dyan umangkat alon | asta kanan anăngga lancange | asta kiwa nyangking buntar tapih | sangsaya buh manis | gandrung kapirangu ||

56. asmu merang miyat ing têtami | Pangran Dipatya Nom | kumêdhèp têsmak linging driyane | baya iki paman [pama...]

--- [f. 454v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 58 dari 96

[...n] atmajaning | èstu yèn linuwih | mandah tilam arum ||

57. sun durung miyat kang kadya iki | pasanging pasêmon- | ing dyah kang mirib dhiajêng kiye | nadyan untap-untapan tan manggih | ing warna ri dèwi | myang solahing sêmu ||

58. wus sinaosakên kang rama glis | pangran ngandika lon | sira saosna gustinira ge | sa dyah tumukul kapêksa ajrih | sinaoskên aglis | pawohan ing tamu ||

59. ulat awrat basêngut saryandik | mara sarya ngesod | kumarempyang wutah pawohane | kang rama mèsêm atukup lathi | dyah saya abêngis | ulatnya bathuthut ||

60. kang dèn basênguti radèn mantri | dènnya dulu mring wong | kaya nora wruh uwong sajêge | nora mambu putraning nrêpati | mring kadang pribadi | kaya wong kumêruk ||

61. aja dadia putraning aji | baya bêdhog uwong | mandahane nêmua wong seje | mulat ing kadang lir pendah kukcing[73] | andulu cêcindhil | si diparag ngantu ||

62. kang rama mèsêm sarya ngling aris | nêmbah anak ingong | iku gusti lan kadang tuwane | sang dyah nêmbah lumèsèr ing ngapti | sêmbahe kêmangi | matia ko dalu ||

63. Pangran Dipati umatur aris | ing paman wot [wo...]

--- [f. 455r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 59 dari 96

[...t] sinom | pitên paman dhiajêng yusyane | Pangran Pugêr angandika aris | kados undha-undhi | lawan sang abagus ||

64. kala agèr duk kala sinapih | arinta nyar miyos | duk lagya nèng nagri Matarame | nadyan kaota lintang sawarsi | tan kongsi rong warsi | nênggih kaotipun ||

65. amit ing paman pangran lumiring | ngatêrkên nèng regol | nulya wangsul pangran ing dalême | putra nata wus prapta ing jawi | dyan anitih wajik | ginrêbêg wadya gung ||

66. tan kawarna lampahirèng margi | tumamèng kadhaton | sapraptane ngarsane sang rajèng | tur bêkti katur solahnya nguni | mèsêm sri bupati | angandika arum ||

67. wus muliha wismanira kaki | pratmaja wotsinom | lèngsèr mantuk mring padalêmane | kawarnaa sang sri narapati | ngrasuk busana di | miyos srêngkarèku ||

114. Dhandhanggula

[Pangeran adipati anom krama pikantuk dyah ayu Lembah putranipun pangeran Puger.[74]]

1. dina Soma sang nata tinangkil | pinarak ing dhêdhampar kancana | sinawèng wadyabala ndhèr | Priyantaka nèng ngayun | lan Saragni gandera ngapit | Magêrsari akapang | kanan keringipun | wadya Kaparak nèng ngarsa | wong Anutra marapit samya asisih | lawan wong Nyakragnyana ||

2. Niyaga Kriya samya angapit | Judhipati [Judhi...]

--- [f. 455v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 60 dari 96

[...pati] kang mugèng ngayunan | Pratiwa nèng ngarsa andhèr | ari nata katêlu | mugèng ngarsanira nrêpati | Pangran Pugêr Dipatya | myang Arya Matarum | lan Pangran Arya Panular | Radèn Arya Sindurja mugèng ngarsa ji | myang Dipati Urawan ||

3. Tumênggung Wiradigda nèng kering | Mangkuyuda lawan Natayuda | Pratiwa jro glar ngarsandhèr | Kya Mangunnêgarèku | jajar lawan Ki Suratani | myang Pratiwa Kaparak | karo mugèng ngayun | Ki Tumênggung Sumabrata | jajar lawan Kya Wirarêja nêngêni | Pangran Dipatya ngarsa ||

4. ari nata kang dinuk ing liring | Pangran Pugêr majêng ngabyantara | ing nata atur sêmbahe | angandika sang prabu | hèh yayi mas Pugêr Dipati | sun pundhut pratmajanta | sun pagihkên iku | lan nakira Ki Dipatya | Anom iku yayi mas luwih prayogi | apanggih padha kadang ||

5. Pangran Pugêr sumăngga turnya ris | sri narendra asru angandika | hèh Sindurja besuk sore | rabining pugawa gung | myang rabine satriya mantri | saosa Kapugêran | ngiringa nak isun | lêbune maring kadhatyan | poma kabèh rabine mantri gêng alit | aja na kaliwatan ||

6. matur sandika Dyan Sindurja glis | sri narendra kondur angadhatyan | pratiwandhèr paglarane | saksana duta rawuh | saking Cangkraningrat [Cangkra...]

--- [f. 456r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 61 dari 96

[...ningrat] Dipati | cundhuk Arya Sindurja | tur kintakinipun | sigra sirarya Sindurja | malêbêt ing puri praptèng Srimanganti | pagya Nyai Wilaja ||

7. katur ing nata gya ngandikani | Sindurja glis sumêsêp ing nata | angaturakên surate | tinampan ing sang prabu | tinupiksa mutada ênting | kabar kang kara-kara | ngandika sang prabu | hèh Sindurja wangsulana | ya layange Si Cakraningrat dèn aglis | yèn wis ing sapta warsa ||

8. aja kongsi sun timbali maning | têka dèn egal padha muliha | Sindurja sandika ture | lan sira isun utus | sore myanga dalême ari | êmas ari dipatya | ngatêrêna iku | sasrahane Ki Dipatya | mring arine karambil têtêlu kiring | bêras wuluh sapitrah ||

9. lawan banya[75] sajodho apatih | babon angrêm kaluwak sadasa | sajodho urip lelene | lan kamiri rongpuluh | gula wadal satangkêp iki | lawan lambok[76] putêran | sarta terongipun | tur sêmbah Arya Sindurja | nulya mijil sapraptanira ing jawi | bubar para pratiwa ||

10. praptèng wisma duta Sampang aglis | sinung surat wêwangsul saksana | duta mêsat sing ngarsa ge | tan kawarna

--- [f. 456v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 62 dari 96

ing ênu | wayahira lisir yyang rawi | wadya samya ngundhangan | asaos sadarum | pratiwa pêpêk sadaya | kapatihan Urawan Wiradigdèki | Dyan Arya wus atămpa ||

11. badhe sasrahane saking puri | sigra budhal Dyan Arya Sindurja | pratiwa angiringake | mring Kapugêran dulur | sasrahane lumakyèng ngarsi | nahan gantya kawarna | Pangran Pugêr wau | pinarak panti jarambah | animbali ing putranira pawèstri | Dyan Ayu Lêmbah prapta ||

12. myang putra jalu pêpêk nèng ngapti | Pangran Pugêr aris angandika | mring putra sang lyir sarine | nini sira pinundhut | dening uwakira nrêpati | arsa kinramakêna | lan rakanta iku | Pangran Dipati Nom srêda | poma têmbe dèn bisa sira ngladèni | ing priya tur bêndara ||

13. aja dumèh yèn kadang pribadi | iku wong agung dudu sasama | kang putra tanna ature | gènnya lênggah tumukul | nanging asta wik-uwik siti | pangran sampun anduga | patêngêranipun | wanodya tinari krama | lamun arsa isin kawêdar ing lathi | sasmitanya mêngkana ||

14. dadya pangran angandika malih | babo sira dèn ajrih ing priya | aja dhingini karsane | wruhana sutèng prabu | aja malang karsaning laki [la...]

--- [f. 457r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 63 dari 96

[...ki] | dèn nastiti nak iwang | saulahing kakung | pan kocap ing dalêm surat | wong cêndhala ing priya sabarang kardi | tansah kasurang-surang ||

15. èstri kang ajrih marang ing laki | Yyang Aluhur amalês kamulyan | tan wun akèh lan kêdhike | poma ta anak isun | dèn nastiti ing wêkas mami | kang dhihin kadang tuwa | yakti dunungipun | iya rara sêmbahira | ping kalihe bêndara ping tiga nini | gurunira kang nyata ||

16. lagya pitutur ing sang lyir suji | kasaru parpat alit tur wikan | yèn prapta duta natane | pratiwa tri nèng pintu | gya pangeran akèn ngaturi | marang ing drêsna nata | kang kinèn agupuh | manêmbah mêsat sêksana | gya pangeran paluguhira miranti | mugèng panti mandhapa ||

17. wus ingaturan Sindurja aglis | tumamèng ing ngabyantaranira | pratiwa kalih wurine | Pangran Pugêr tumurun | anêdhaki duta nrêpati | cudhuk[77] ing wêwangunan | wus tata aluguh | matur sirarya Sindurja | igih agèr kawulèngutus raka ji | nêdhakakên kang salam ||

18. lawan ikang sasrahan putra ji | kalapa tri wos wuluh sapitrah | putêran lombok teronge | pan wus walurinipun | yèn [yè...]

--- [f. 457v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 64 dari 96

[...n] kusuma têdhak Matawis | sasrahannya mêngkana | Sindurja ris matur | èstu sontênipun benjang | pinundhute putra nata mring jro puri | enjing gènipun nikah ||

19. duta nata nêmbah nulya mijil | tri prawa[78] mêsat sing Pugêran |[79] arka tugang udayane | tan kawarna ing ênu | solahira wau ing latri | enjing para satriya | myang para triwanung | sanega ing panangkilan | Pangran Pugêr wus ingandikan mring puri | para ri myang syaminya ||

20. Pangran Arya Mataram tan kari | lawan Pangeran Arya Panular | samya nèng ngarsa sang rajèng | dening sang rajasunu | Pangran Adipatya nèng jawi | lawan para pratiwa | sira ki pangulu | wus mugèng ing Suranata | lan kêtibe modin tan ana kang kari | ki pangulu mangaran ||

21. Tapsir Anom wêstanira sigih | ponah sakèhing ngukum sadaya | alim duk alit mulane | warnanira abagus | dêdêgira agêng aigil | prayoga singhing[80] nata | katriman ing ratu | kapêrnah bibining nata | atmajane Pangran Silarong Matawis | ari Pangran Pamênang ||

22. Pangran Mamênang pan sampun lalis | duk kalane nêgari Mataram | tan adarbe kadang manèh | mung Dyan Ayu Pangulu | lintang sihe sri narapati | pinatêdhan lêlênggah | pangulu wong sèwu | kalakung mukti wibawa | kocaping carita [ca...]

--- [f. 458r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 65 dari 96

[...rita] yèn nata nimbali | pangulu lan Sindurja ||

23. mugèng mandhapa katri nrêpati | yèn sinawang warnanya lir kêmbar | sami gênge lan igile | tanapi bagusipun | katrinira apan mèh sami | iwang gusti kawula | akèh wong kaliru | pangulu lan radèn patya | sri narendra sêksana wau nimbali | ing sang raja pinutra ||

24. gêpah Pangran Dipatya ingiring | manjing pura myang para pratiwa | nung-anung angiring kabèh | miwah kyai pangulu | wus malêbèng pura ingiring | kêtib modin sadaya | nahan sang aprabu | pinarak ing panti wetan | para ari kang mugèng ngarsa nrêpati | gya pangantyannya prapta ||

25. lugyèng ing ngarsanira nrêpati | ki pangulu ingawe ing ngarsa | tur sêmbah pangulu age | kêkalih kêtibipun | sri narèngndra[81] ngandikèng ari | yayi mas pasèlèha | marang wa pangulu | sinaidan ing ngulama | Pangran Pugêr manêmbah ing raka aji | sigra wau ngrasaya ||

26. ki pangulu sampun anampani | ing pangrasayanira pangeran | saksana maca dongane | wusnya anikah tutug | aluwaran saking jro puri | sakèh para pugawa | myang kyai pangulu | mêdal lan radèn apatya | myang ngulama kêtib modin praptèng jawi | aglar ing Suranata ||

27. risaksana salawat umijil [u...]

--- [f. 458v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 66 dari 96

[...mijil] | saking pura apan agotongan | picis balong anyar kabèh | sèwu reyal gungipun | pan wus dinum ing para kêtib | warata pra ulama | wus bubar sadarum | pra pugawa praptèng wisma | pra rabine pugawa siyaga sami | nglêmpak nèng Kasindurjan ||

28. wayah pukul pat budhalnya nênggih | saking Sindurjan mring Kapugêran | joli saking jro ngarsandhèr | atusan punang tandhu | amangsuli carita malih | garwane radèn patya | arine sang prabu | kang kabayong Trunajaya | pan kêkalih dhingin kang anèm ngêmasi | kantun ikang atuwa ||

29. nanging dhingine sampun karabi | dening nata Prabu Trunajaya | Dyan Kêltingbiru wastane | ingalihkên Dèn Ayu | Pucang dening raka nrêpati | tinarimakkên Sindurja |[82] nguni tan winuwus | nêhan[83] gantya kawuwusa | Kapugêran arame syaraning dasih | kang lagya asiyaga ||

30. pangantènira wus ingaèsi | Dyan Ayu Lêmbah pinaripurna | lir gambar wêwangunane | warnanira sang ayu | sinjang cindhe puspita adi | kampuh pingul pinarmas | nging sa dyah arêngu | pra ibu ngimur sadaya | sa dyah rêncak ing driya myarsa dyan mantri | yèn rêsah ambêkira ||

31. kapêksa ajrih

--- [f. 459r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 67 dari 96

rama sang dèwi | mila dahat putêkirèng driya | linilih para ibune | kagunturan pitutur | siptanira sang dyah ling ati | sun sinau ngawula | marang i wong agung | dening rada mambu kadang | gènnya lênggah ingapit ing para bibi | katuwon citranira ||

32. anglar basănta lagya piningit | dening manipis ngima araras | anglayon riyêm-riyême | lir wratsari kalulun | wênis ijo pamulu wilis | srinatanya dhan-andhan | jaiting pandulu | lir Wilatama andharat | padha èstri kang miyat ing sa lir suji | tyasnya tanpa jamuga ||

33. radèn apatih kawarna malih | sarêng mukur lawan garwanira | sohan maring kadipatèn | lawan prawaranya nung | kadipatèn sadaya prapti | syaranya tri gumêrah | myang pra wadyanipun | Pangran Dipati wurahan | Ratu Kilèn nèng kadipatèn sakenjing | maèsi putranira ||

34. kawarnaa dyan ayu apatih | lan garwane pratiwa sadaya | praptèng dalêm Kapugrane | syaranya tri gumuruh | wus cinaran masuk tumuli | Dyan Ayu Sindurja |[84] sapraptanya luguh | ing ngarsanira pangeran | alon matur sira dyan ayu apatih | kangmas amba dinuta ||

35. dening raka padu[85]

--- [f. 459v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 68 dari 96

nrêpati |[86] kine[87] mundhut putra panduka |[88] pangran angling ing garwane | kèn mêdalakên gupuh | putranya glis saksana mijil | lugyèng ngarsaning rama | saksana Dyan Ayu | Sindurja wus sinêgahan | sarowangnya sêksana budhal tumuli | saking ing Kapugêran ||

36. sang dyah wus mugèng wahana joli | umyang gumêrah anrang ing marga | abar angin sigahane | warna-warna dinulu | Magêrsari jajaran joli | asri kang upacara | satirahing lurung | dening wong kang tiningalan | orêg wong sajro praja kadya kinêrig | jalu èstri nêningal ||

37. tan kawarna ing marga gya prapti | wau madyanirèng panangkilan | nahan kawarna purane | pramèsyari sang prabu | wus sanega myang para manis | pramèsyari narendra | amapag ing mantu | têdhak dhatêng Kamandhungan | para sêlir kandhêg anèng Srimanganti | kawarna kang lumampah ||

38. joli wus migah anèng Sitigil | lajêng wau dhatêng Kamandhungan | têdhak saking wahanane | garwane prawara nung | gumarêbêg ing sa lir suji | sigra Ratu Kancana | nyandhak astanipun | kang kanan nulya lumampah | Ratu Kulon anganthi astanya kering | tumanduk ing kadhatyan ||

--- [f. 460r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 69 dari 96

39. Pangran Dipati wus dèn timbali | pra dipatya umiring sadaya | prapta ing Srimangantine | laju maring kadhatun | para êmban sadaya ngiring | sang nata wus pinarak | pramadaning babut | wau mugèng Prabayêksa | putra kalih ngasahkên ing ibya sori | mring ngabyantara nata ||

40. tarap ngayunan rabining mantri | myang prawara garwaning satriya | pangantyan sinambut age | pinangku ing sang prabu | sang lir suji ing wêntis kering | rajaputra ing kanan | ingayap para rum | suka wong sadalêm pura | aningali ing sira sri rapati[89] |[90] kadya Sang Brawijaya ||

41. Suranata sakawan angapit | sang pinangkya citrane kawawang | lir Ratih Kamajayane | tustha tyasira prabu | atanapi kang pramèsyari | tustha miyat ing putra | tan kawarnèng ênu | yyang arka tugang ancala | Ratu Kilèn lumèngsèr saking ngarsa ji | dalêm kilèn rinêngga ||

42. pêpitanya lir kasyargan ngalih | badhe gènipun pangantyanira | wus sumurup yyang arkane | angandika sang prabu | ing garwane kinèn tumuli | agawa mring kang putra | gandhok kulonipun | lan sagung para maru ta | atanapi rabine pugawa mantri | saosa têmbang grisa ||

115. Girisa

[Pangeran adipati anom angungrum dhumateng dyah ayu Lembah.[91]]

1. sang prabu malih

--- [f. 460v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 70 dari 96

ngandika | hèh Wilaja mêtua jaba |[92] warahên Arya Sindurja | saosa besuk sakancanya |[93] bupati ngatêrna ki putra |[94] mring Pugran besuk Wilaja | manêmbah mintar mring jaba | cundhuk Dyan Patih Sindurja ||

2. risaksana dhinawuhan | timbalaning sri narendra | dyan patih matur sandika | wus bubar kabèh pratiwa | gantya ikang kawuwusa | kang rinêngga nèng jro pura | sinasayèng ing sêsotya | sinêsêp sari ginănda ||

3. saksana sampun binêkta | mring gandhok kilèn punika | bya sori angapit samya | para bibi glar ing ngarsa | myang rabine pra dipatya | samya saos ing ngayunan | miwah cèthi babu inya | kang rinêgèng panti ngrum endah |[95]|

4. alyir Ratih Kamajaya | kala anèng Cakrakêmbang | ing wayah wus dalu ika | pangran sêksana ngaturan | ing pra ibu migah jinêm sêkar |[96] kalihan garwa sang rêtna | migah jinêm wangi nulya | sang dyah tan arsa mulat raka |[97]|

5. tumukul pajoking tilam | sakèh babu inya cethya | cuki nèng jawining gugah | myang rabine pra pratiwa | mèh bangun ing wayahira | kang mugèng jinêm araras | tumukul sa dyah aligih |[98] pangeran datan dêrana ||

6. sah rêrêpi marêk ing garwa |[99] punapa gèr dadya duka | tan arsa nawèng [na...]

--- [f. 461r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 71 dari 96

[...wèng] dasihnya | pêpujaning rum mas mirah | saha nyandhak astanya |[100] kering sa dyah asru mêjang | pangran saya purun ika | trênyuh ing driyasmu brăngta ||

7. sarya mèsêm nyandhak garwa | adhuh langêning kalangyan | kalangyan adi ing taman | adining sêkar cêpaka | cêpaka sari-sarinya | sarine dadya mas mirah | mas kuning asung wiyadya | wiyadine ikang driya ||

8. driya lir kadhaut ika | kadhaut ing citranira | citranya nawang kancana | rukmi rinêgèng sêsotya | sotya wanodyèng rat Jawa | Jawinya mirah smu duka | andukani dasihira | anuwun bêndu dasihnya ||

9. anukmèng wadi bêndunya | wadine akarya pasang | pasang asmara kung iya | sapa kang duwe bêndara | yèn dudua gustiniwang | iya Pangeran Dipatya | putrane kang mêngku ing ngrat | saha ngrangkul guladrawa ||

116. Dhandhanggula

[Pangéran adipati anom taksih angrungrum dhumateng dyah ayu Lembah.[101]]

1. sang dyah ngipatakên sarya andik | angidoni bathuthut ulatnya | kang raka asru guyune | milanira wong ayu | andukani marang ing dasih | datan angrasa dosa | milane wong ayu | sangêt darunaning driya | rêrujitên pun kakang datan gumisir | yusyanisun katura ||

2. ngêndi baya gèn isun ngulati | anukmaa wor lan kêmbang-kêmbang | măngsa tuka tuwas anglèh | kang

--- [f. 461v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 72 dari 96

mirib ing dyah ayu | nadyan sasoring langit-langit | măngsa silih asala | ka lir rekaning rum | mara gusti ngandikaa | sun têbase sakêcap nagri satugil | pundi ikang kinarsan ||

3. sang dyah sangsaya asruning runtik | waspanya drês lantaran ing jăngga | kathah karasa driyane | pan wus kalêbèng catur | sami-sami trahing Matawis | yèn wijil Kapugêran | pramèng kawi sêmu | limpad pasanging graita | datan kêna ujar katlangso sadhidhig[102] | ngadêg suraning nala ||

4. sang juwita nauri saryandik | iya silih putraning narendra | kang mêku[103] rat Jawa kabèh | sumakeyan wong agung | anu thithik nêbas nêgari | măngsa nora nandêra | kang kaya wak isun | dening anake wong papa | tanpa praja ana kang awèh nêgari | labane gil-êgilan ||

5. apa gawene têka ngramani | anaking wong papa tanpa praja | angêmpèk-êmpèk kamuktèn | marang kang dadi ratu | tan rerehan kawêlasasih | pantês dèn kramanana | padha trahing ratu | pan tanah sabrang akathah | putri adi padha putraning nrêpati | tan ana kang kuciwa ||

6. rajaputra kaduwung tan sipi | nalanya lir tinunjêl ing sela | sarya angusap jajane | dadya ngling wor pangrurum | adhuh mirah gustiku yayi | kang asawang puspita | apuranên masku | marmèng

--- [f. 462r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 73 dari 96

sun nabda mêngkana | dahat kepyan ing tyas ngulangun ningali | ing sang mindha Supraba ||

7. punapa tuke[104] kawula gusti | tanpa solah mas dewa ragèngwang | suka binêndon jro langse | tuwêkên raganingsun | ing kanakanira kang lungid | mas mirah upasana | gantènira arum | rujitên kadya puspita | tan lênggana têkèng pati sun labuhi | kawula gèr tur yusya ||

8. karêpu kang atêteja gusti | baya itêne wong Kartasura | ngalumpuk dadi mas agèr | anukma gustinisun | akarya lam-laming sun kuning | gêsang kawula dewa | amor ing wulangun | wulanguning sa lir sêkar | sêkar gambir wiyagang sarine sêpi | sêpine anèng sira ||

9. salami gêsang kawula gusti | dèrèng manggih wong wasis kadyanta | puspa kapti graitane | ayu nulus trus tujung[105] | wicaksana pêrtamèng kawi | rêspati karya pasang | pasang ikang sêmu | sêmune lantip pêsaja | pasajane jatmika budi kèng ati | atine salah cipta ||

10. ciptanira amamor lan dêling | dêlingira anitik sasmita | sasmitane angadhang rèh | analika ing wuwus | wuwusira tan amêrtani | martani wisa guna | gunane manungkul | manukul mursitèng [mur...]

--- [f. 462v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 74 dari 96

[...sitèng] baya | bayanira dèn ta awisaya gati | gatine tan sinêtyan ||

11. tusana kawulane gusti |[106] atur pêjah mring sang adi rêtna | pakaja nila widure | dhuh dewane wong ayu | pasêmone ngêbêki bumi | cacadira satugal | barikêk kalakung | sapa kang duwe bêndara | baya amung mas mirah Pangran Dipati | Anom ing Kartasura ||

12. radèn ayu angling asmu lilih | ja na kono lah jênat lungaa | andêrmèmèl kongsi gopèl | măngsa lipura isun | rêrêpinên satêngah sasi | măngsa silih gêpoka | ulihêna isun | jênat maring Kapugêran | boya kudu alaki putraning aji | akuhe kaya jendral ||

13. liwat dening nglarakakên ati | sumakeyan wong sugih nêgara | sapa maido dhèwèke | sapa kang nora wêruh | yèn putrane kang mêngku bumi | apa mulane baya | tan krama samya gung | kang padha asugih praja | angramani wong papa anyênyampuri | jênat isun olihna ||

14. Pangran Dipati angling ing ati | adhi ajêng kalintang rudita | bok iya sun êdohane | sun api-api mutung | sigra pangran mundur aririh | lugyèng pojoking tilam | alênggah pitêkur | kidul kilèn pêrnahira | dangu-dangu pangran ngrukêbi[107]

--- [f. 463r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 75 dari 96

gêguling | misêk-misêk[108] karuna ||

15. sang dyah ayu mèsêm jroning ati | baya mutung si diparag buta | têka adoh lan baude | dening sare dhêkukul | misêk-misêk ngujur gêguling | sang dyah tyasnya sumêlang | wlas nalikèng kakung | emut wêlinge kang rama | bok iyaa sun ecanane kang ati | prayayi Mêngkuratan ||

16. ewuh têmên rasane kang ati | upamine isun maranana | katon têmên lamun sêmbèr | mênênga bae isun | dening liwat angrêsing ati | marang si dikararah | ing Wêlănda sèwu | ya ta na kang sêsaosan | manggis dhuku mugèng bakor kancana di | salak wunglon nonoman ||

117. Sinom

[Pangeran adipati anom among resmi kaliyan dyah ayu Lembah.[109]]

1. sang dyah anyandhak saksana | manggis anèng bakor rukmi | binalangakên ing raka | kêna wêntise kang kering | sang juwita sarya ngling | akuhe alah durnandur[110] | si jênat kinaramat | dhayohan tan dèn rawati | yèn lungaa sapa sitên kang kelangan ||

2. kagèt Pangeran Dipatya | awungu tangi tan angling | malah api-api nendra | sang dyah ayu bêrkas-bêrkis | sumakeyan wong sigit | ithik-ithik nuli mutung | jênat sun amit lunga | sang dyah tumurun aririh | miyak gubah pangeran adhurakalan ||

--- [f. 463v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 76 dari 96

3. saksana anyandhak asta | pangeran angarih-arih | mirah adi Kapugêran | arsa dhatêng pundi gusti | tan wande sun nêmahi | ing lara lênglêng anglamung | yèn tan tulus sihira | tuwasana isun gusti | amisiki kusuma mêdhar asmara ||

4. nguculi panisêtira | cindhe puspita rinukmi | pangran awala kewala | ingêmban sang kadi Ratih | sang dyah amiwal kapti | jênat udhunêna isun | sun mulih Kapugêran | nèng kene anyênyampuri | de wong agung dening sun iki wong papa ||

5. pangran baud ing asmara | wus tate misik kênya di | amanggih rêtna susila | ginunturan ing pangrêmih | lir satpadarsa lagi | mrawasèng sari akicup | sêkar maksih amulya | pinrih lunture kang sari | gya pangeran mawantah ing yudasmara ||

6. muhung srênggara kalangan | lir bramara ngêsêp sari | sang pinrih canggèh ngasmara | kagunturan sabda manis | sang dyah saya nisêti | maras tyasira kalakung | kakung datan dêrana | sinarèkakên sang dèwi | jêlih-jêlih anguwuh mring inyanira ||

7. kang saos jawining gubah | sirêp sadaya aguling | mung kari inyane sang dyah | awasta Nyai Sulastri | saos jawining samir | amawa toya ing sangku | nanging tan katingalan | marang sira sang lir Ratih | tinimbalan ni inya [i...]

--- [f. 464r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 77 dari 96

[...nya] pi-api nendra ||

8. sang dyah lingnya sambat biyang | tulungana aku dhingin | paran ta polah manira | mêngko baya anêmahi | wêdi yèn banjur mati | polahe wong iki rusuh | kaya dudu satriya | bok dèn samêne sadhidhik | yèn rusaka sapa baya kang kelangan ||

9. mèsêm Pangran Adipatya | saya gumêrgut ing kapti | pratigya[111] ing dalêming tyas | sira Pangeran Dipati | dahat wiranging ati | luputa pamurwèng lulut | nigasi ing kalangyan | tuhu yèn mudha ing rêsmi | risaksana mangrurah rarasing wastra ||

10. sa dyah ngêsês sarya nyakar | suthik sukan bok ngêmasi | pangran ling kang ora-ora | takona ing Si Sulastri | bok ana date mati | iya wong pinurwèng lulut | saliran tan umojar | kaya pa biyang Sulastri | rara kênya pinurwèng gati ing priya ||

11. sun biyang durung jêjagang | durung ngandêli bêbiting | kasêlak ing musuh prapta | durung duwe obat mimis | musuh dibya nêkani | tur sêkti prawirèng luhung | suthing sukan manira | amapaga ing ajurit | ajrih isun kasambut ing adilaga ||

12. Sulastri nèng jawi gubah | umatur ing sang lir Ratih | kang botên-batên palastra | kawula miyarsa warti | yèn rara kênya gusti | kuwawi angindhit êjun | tan dhatêng ing antaka | pinêlêng asmara yakti | malah mindhak gandhang-gandhang jaluk kakang ||

13. asuka Pangran Dipatya | sarwi angandika aris | nya biyang sira sun ganjar | li-ali mirah [mi...]

--- [f. 464v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 78 dari 96

[...rah] kêkalih | sa dyah asru balangi | ing magis[112] salak lan jêruk | gêrang sira migata | aja ta rika dalêming | nora pantês si gêrang yèn acarita ||

14. pangran sangsaya ngrêrêpa | srênggara lir madu gêndhis | sa dyah ayu maras-maras | nora wande anêkani | tansah akongah-kangi[113] | padoning wastra kalusur | lir pendah mayang mêkar | syaning sinjang gandanya mrik | rêmpu ing tyas pangran sumukêm ing madya ||

15. tan bisa isun amarna | solahe wong among rêsmi | wus bêdhah kutha ing Pajang | sang dyah kajodhi ing jurit | dangu datan anglilir | sinjang têlês awor kang luh | pangran awas tumingal | sang rêtna rinêmih-rêmih | dyan kinusya waspa mijil ingusapan ||

118. Mijil

[Sang prabu lan para putra sentana sami mahargya palakramanipun pangéran adipati anom kaliyan dyah ayu Lembah.[114]]

1. wadon Sulastri nulya tur warih | wêning mugèng bakor | pangran agya sinotyan garwane | rinaupan sarya rinarêmih | awungua gusti | tolihên katèngsun ||

2. ingaras-aras saha nungkêmi | maring sang kaluron | alênggaha mas mirah sun anggèr | tolihên isun aja ge lalis | antènana mami | mirah milu lampus ||

3. wêdana lindri liningling-lingling | maras tyas sang anom | myang garwa alum ing nityane |[115] anglêlêntrih lir prêdapa lagi | kang mêntas kaganti | kadêrêsan banyu ||

4. dening kênya kasêrang ing rêsmi | kabyatan ing langon | kumyus syaning ăngga karingête | êmban Sulastri awas ningali | gustine kajodhi | alon aturipun [aturi...]

--- [f. 465r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 79 dari 96

[...pun] ||

5. pangran sambutên arinta gusti | kang mêntas kaluron | yakti sangêt lêsu jiwagane[116] | dyan ingêmban binêkta mring jawi | ing patirtan prapti | siniraman gupuh ||

6. wusnya asiram samya asalin | Pangran Dipatya Nom | glis sininjangan wau garwane | kasêmêkan kang raka muryani | sinambut sang kadi | Ratih mring jinêm rum ||

7. sapraptane ing tilam sang dèwi | tansah anèng pakon | lir sodama kang sêndhu ririse | sarawungan sipta rêga rêsmi | tinon mêlik-mêlik | lir litang mèh surup ||

8. sagung rabine para dipati | kang sami asaos | myang pra inya pan wus tangi kabèh | tabuh tiga wayahe mèh ari | umung para manis | samya atêturuh ||

9. Ratu Kulon risaksana mijil | prapta tilik gandhok | lakung tustha umiyat putrane | anêrka yèn wus anugal rêsmi | kacina ing warni | ijo alum-alum ||

10. tan kawarna solahirèng latri | enjing winiraos | para rum samya sanega kabèh | angayap ing pangantyannya sami | kawarna ing jawi | Kapatihan umung ||

11. Radèn Arya Sindurja pan aglis | angrasuk parabot | asanega sawadyabalane | saha gêgaman awarni-warni | têngran abra mahi | wus mugèng lêlurung ||

12. margi kèbêkan wadya dyan patih | gya bubar punang wong | sapraptane panangkilan [panangki...]

--- [f. 465v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 80 dari 96

[...lan] andhèr | sakèhing para pugawa mantri | wus kapanggih nangkil | sagêgamanipun ||

13. abra gêgaman awarni-warni | lir prawata sinom | gaman ikang saking Sindurjane | banthèng kang laton ingkang angampil | nom-anom asigit | busananya murub ||

14. samya lancingan sakêlat abrit | kandêlan suwaos | pinatra wêdhar ukiranane | lêlurahe carapang winaking[117] | lir dhaèng ngajawi | samya tatalakup ||

15. gêgamannya Urawan pan asri | atêngêran ijo | acêciri abrit ing têngahe | ecelung tibèng pandhan ingarani |[118] wongira kulambi | ijo udhêng wungu ||

16. gêgamane Wirawidigda sri | agandera dadol | sinantên asri Saragênine | akulambi bang ya udhêng putih | Panumbak kulambi | abang udhêng biru ||

17. gêgamannya Mangkuyuda asri | Natayuda awor | gandera kidang tawan kanine | Sumabrata gandera nom pari | ijo ciri kuning | mugèng têngahipun ||

18. gêgamane Mangunnêgara sri | mugèng kidul kulon | agandera gadhung malathine | Kawirarêjan gandera laking[119] | acêciri putih | rineka sutèngsu ||

19. Suratani atêtugul putih | acira bang ijo | irêng gêmpung kang mugèng tirahe | Gêniroga kang aciri abrit | gamane kang asri | kadipatèn punjul ||

20. saha busana samya sri-asri | têngran parianom [pari...]

--- [f. 466r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 81 dari 96

[...anom] | Patih Soda măngka têtindhihe | para lêlurah myang para kêkasih |[120] samya anindhihi | sarerehanipun ||

21. panigare kulambi bang kuning | Panumbak bang ijo | sadaya sami kuning udhênge | umbul-umbul lêlayu marnèni | payung gung marapit | kaèdêran ganjur ||

22. akèh lamun kawarna ing tulis | gênti winiraos | Pangran Pugêr kang anèng dalême | asanega sagata arukmi | pra putra sumiwi | pêpêk anèng ngayun ||

23. Radèn Sudira lan Radèn Mêsir | Radèn Kawa anom | Radèn Papak punika arine | dening kang putra saking ing padmi | têtiga anênggih | Dyan Surya kang sêpuh ||

24. Radèn Sasăngka wau kang rayi | Dyan Sudama anom | jangkêp pêpitu pangran putrane | ikang jalu pawèstri kêkalih | dening kang satugil | Radèn Ajêng Ipun ||

25. putra jalu prasamya nèng ngapti | ing rama asaos | Radèn Sudira kang sêpuh dhewe | samya lagya wiwit dèn basahi | Radèn Sudirèki | jiga kampuhipun ||

26. alancingan cindhe natar wilis | panisêt sêsaton | babang awak radèn pamulune | jait-jait tingale awingit | sêmune ngêntèni | ing kasêktènipun ||

27. ikang rayi wasta Radèn Mêsir | akampuh jon-ijon | alancingan pupusan randhine | pamulunira atutung

--- [f. 466v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 82 dari 96

kuning | sêmune asigit | yèn tinon lir wirun ||

28. Radèn Papak akampuh sêmbagi | alancingan sarot | irêng manis alindri tingale | sêsêmone layak wani ngêlih | tajin dhahar guling | graita pakewuh ||

29. Radèn Kawa tinon amantêsi | wong aragok-ragok | kampuh podhang-podhang lancingane | biru layak lêpasing pandêling | putra saking padmi | Dyan Surya abagus ||

30. arja akampuh gadhung malathi | abra piniraos | alancingan cindhe kênangane | kuluk magak pamulu akuning | dêdêgnya rêspati | tuhu yèn binagus ||

31. sêsêmone lèmèrên ing èstri | arinira karo | Radèn Sasăngka Dyan Sudamane | maksih timur dèrèng kinampuhi | taksih sami alit | samya anèng ngayun ||

32. pratmaja dèrèng sinung kêkasih | nguni kang ingantos | pakramane Dyan Ayu Lêmbahe | mangke dadya sinungan kêkasih | pratmajanya sami | Dyan Sudirèng sinung ||

33. jêjuluk Dyan Suryakusumèki | Radèn Mêsir anom | sinung ran Dyan Martatarunane | Radèn Kawa wus sinung kêkasih | Dyan Dipatrunèki | Dyan Papak jêjuluk ||

34. Radèn Ăntawirya kang wêwangi | putra kang kinaot | ikang saking garwa ing padmine | Radèn Surya wus sinung kêkasih [kê...]

--- [f. 467r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 83 dari 96

[...kasih] | Suryaputra sigih | ambêkta ran timur ||

35. dening putranira kang kêkalih | kang dèrèng winaon | maksih aran duk kala timure | Rahadèn Sangka Sudama alit | sadaya sumiwi | ing rama nèng ngayun ||

36. gya Pangran Arya Mataram prapti | Kapugêran regol | lawan Pangran Arya Panulare | ingandikan mring kang raka aglis | tumanduk sung bêkti | kalih rakanipun ||

37. nahan gantyaa ikang kawarni | sang srining kadhaton | animbali atmaja kalihe | wus pinapurna busana adi | Pangeran Dipati | rêspati akampuh ||

38. putih pinutihan larnya adi | rineka paraos | alancingan cindhe jo natare | abêbunton rinenda mas tuli | akuluk barêci | sabuk tali datu ||

39. sang dyah pinalipurna sri adi | sinjang cindhe ijo | kinapurănta tinut pradane | akampuh radhi kêkitir putih | atêtêbus kuning | warnanya lum-alum ||

40. anayaka mirah roro sisih | asêkang lêluron | awida jênar anrus gandane | kesya winaon ing sarwa sari | akèh yèn winarni | adêdangu laku ||

41. Pangran Dipati sigra anganthi | ing asta sang sinom | ikang kering dyah asta kanane | pan ingapit para bu sori |[121] lampahe gya prapti | ing ngarsa sang prabu ||

42. samya

--- [f. 467v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 84 dari 96

sumungkêm ing pada kalih | nata ngandika lon | dhuh sutèngwang dèn bêkti lakine | miwah sira kaki adipati | dèn awlas ing rabi | parentah dèn arum ||

119. Dhandhanggula

[Dyah ayu Lembah purik, lajeng kondur dhateng dalem Pugeran.[122]]

1. sri narendra angandika aris | marang Dyan Ayu Arya Sindurja | kinèn ngatêrkên putrane | kang kinon awotsantun | atanapi sang putra kalih | wus ngabêkti ing nata | lumngèsèr sing ngayun | bya sori samya tumêdhak | angatêrkên pratmaja jawining kori | muwah wong sajro pura ||

2. anitih joli ing Srimanganti | pangran lumampah ing Pagêlaran | pinapag pra waragane | prapta ing alun-alun | sigra pangran nitih turanggi | sagung para dipatya | tata barisipun | umung syarane kang bala | wong ing Kadipatèn wus atata baris | sisihan turut marga ||

3. wong Kapugêran kang anêpungi | joli lumampah anèng ing têngah | abar angin sigahane | orêg wong Kartapurun | pan sadaya anêningali | sakèhing tigar munya | lir prawata gugrug | sagung kang para pratiwa | gumarêbêg ing Gusti Pangran Dipati | samya wahana kuda ||

4. tan kawarna ing marga gya prapti | Kapugêran pangeran sêksana | amêthuk paregolane | ari kalih tumutur | sira Pangran Arya Matawis | lawan Pangeran Arya | Panular tumutur | ingiring para pratmaja | sang rinêngga prapta

--- [f. 468r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 85 dari 96

sajawining wijil | têdhak saking wahana ||

5. cundhuk sêksana sang dyah kinanthi | mring ibu sigra Pangran Dipatya | manêmbah pada pamane | gya ingaturan masuk | pra rabine pugawa ngiring | dening para satriya | myang para triwanung | kandhêg anèng ing paseban | pinanggihan ing Pangran Arya Matawis | lan Pangeran Panular ||

6. sinêngkalan duk kala pinanggih | pangran kalawan Dèn Ayu Lêmbah | wong nêmbah rêtu atine |[123] wus ingandikan masuk | sagung ikang para dipati | myang para ri sadaya | sapraptaning ngayun | lugyèng ing panti mandhapa | sinunggata lajêng kasukan salatri | tan ana gumisira ||

7. anging para rabine bupati | samya mulih dening priyanira | sawiji tan ana mulèh | akasukan sadalu | anèng Kapugêran mênuhi | enjing Pangran Dipatya | sagrahanya kondur | maring dalêm Kadipatyan | pra dipatya satriya samya umiring | sadalu akasukan ||

8. enjing bubar kang para dipati | mêngkana wau kang ginupita | sang tansah among lulute | mêngkana kang winuwus | Radèn Suryakusuma nênggih | pinundhut ing Pangeran | Dipatya malêbu | pra ari tan ana milya | asewaka ing Kadipatèn piniji | Radèn Suryakusuma ||

9. mêngkana wau sang agung rêsmi | duk pinarak ing madya panirat | tan kêna sah lan garwane | nimbali arinipun [ari...]

--- [f. 468v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 86 dari 96

[...nipun] | Dyan Sudira anulya prapti | ingandikan mring ngarsa | majêng awotsantun | Pangran Dipati ngandika | hèh ta yayi sira wus duwe kêkasih | kang dinangu tur sêmbah ||

10. igih sampun sinungan kêkasih | Suryakusuma dhatêng pun paman | Pangran Dipatya dêlinge | sapa manèh rinisun | ikang uwis silih kêkasih | padha sira pajara | Dyan Sudira matur | pun adhi Papak mangaran | Ăntawirya dening pun adhimas Mêsir | wasta Martataruna ||

11. pun adhi Kawa igih sêsilih | ajêjuluk pun Dipataruna | pangeran alon wuwuse | iya wus prayogèku | isun yayi têka ngèstrèni | arinira Si Surya | sapa aranipun | Radèn Sudira manêmbah | igih gusti pun adhi Surya kêkasih | Rahadyan Suryaputra ||

12. dening pun adhi ikang kêkalih | gusti dèrèng asêsilih nama | pangeran èwêd driyane | angling sarya angêmpus | nora jamak agêgilani | jênênge Suryaputra | alah ta durnadur | hèh Sudira payonana | sun alihkên Si Wăngsatruna abêcik | jêjênêng Suryaputra ||

13. salamine Pangeran Dipati | ya ningali putra ing Kapugêran |[124] kang saking padmi ibune | lakung ewa ing kalbu | sakadange dipun sêsêngit | amung Radèn Sudira | kinasihan tuhu | dening Pangeran Dipatya | tan sinungan tan basan-binasan [ba...]

--- [f. 469r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 87 dari 96

[...san-binasan] saking | sihnya Pangran Dipatya ||

14. Dyan Suryakusuma nêmbah amit | mintar saking ngarsane kang raka | sang rêtna angling driyane | myarsa wacanèng kakung | dadya matur angasih-asih | kangmas kawula nêdha | uga ing wong agung | dhumatêng kadang kawula | pundi gone angêmpèk arjaning budi | yèn dedea panduka ||

15. ora mundhaka jinujung ligih | wong duwe ipe putraning raja | mundhaka kaluhurane | têka wuwuh atêdhuh | mundur jênêng dipun larangi | bok sampun sapunika | kawula anuhun | lagi tumon kaya dika | wong ajênêng Suryaputra dèn salini | kinèn ran Wăngsatruna ||

16. nora wikan ing tyas dalêm bêcik | lagi laire asiya-siya | măngsa adoha wêtune | marang sadulur isun | wong asigit dipun namani | kaya bêbêkêl desa | Wăngsatruna iku | arinisun yakti eman | pangran angling ora yayi wus prayogi | aran Ki Wăngsatruna ||

17. pratandhane yèn sadulur mami | dening rènira sun wèhi aran | sang dyah abêngis saure | dhuh ujar apa iku | padu jiwa dipun alingi | batine yèn bêcika | laire tan patut | sang dyah sakit ikang driya | pan sinamur pagujêngan kang kalair | ing jro dahat rudita ||

18. nahan Radèn Suryakusuma glis | praptèng dalêm [dalê...]

--- [f. 469v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 88 dari 96

[...m] Kapugran sêksana | apanggih lawan arine | lingnya dhuh arinisun | jênêngira mangke ingalih | dening Pangran Dipatya | satimbalanipun | aja jênêng Suryaputra | kinèn ngalih Ki Wăngsatruna ri mami | paran ing aturira ||

19. kang dhinawuhan timbalan tan angling |[125] kanggêk ing tyas kumêbêng kang waspa | kang raka alon dêlinge | dhuh yayi mas rènisun | mundur kaya rarya lagya lit | jamake wong ngawula | parentah kang tinut | apa sarèhing bêndara | ingaranan Si Karti lawan Ki Niti | iya padha linangkyan[126] ||

20. pirabara ing benjang ing wuri | Yyang Aluhur wèh luhuring ngandhap | atulung kawlasasihe | kakang êmbok ing wau | sapukurku kalintang runtik | prakara dening sira | ing wataranisun | ika banjur têtukaran | payo dhimas marak ing rama tur uning | gya mangkat praptèng ngarsa ||

21. manganjali kang tênaya kalih | Radèn Suryakusuma turira | amba tur wikan wiyose | pun adhimas pinundhut | wastanipun kinèn angalih | dening Pangran Dipatya | satimbalanipun | sampun jênêng Suryaputra | kinèn ngalih pun Wăngsatruna kêkasih | Pangran Pugêr ngandika ||

22. iya silih kinapakna ugi | wus jamake kulup wong ngawula | anut

--- [f. 470r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 89 dari 96

sarèh bêndarane | pira-pira nak isun | wong ngawula sinarwèng gusti | tuduh yèn kauningan | pangawulanipun | rumasaa yèn kawula | tan abisa kawula andum amilih | luwih sakarsani Yyang ||

23. rumasaa karsaning Yyang Widi | aja sira sêrik atinira | kinarya kaya mêngkene | pan duraka tinêmu | lamun sira nora nglampahi | sapakoning bêndara | pan darma amuwus | miwah ta sira Sudira | dèn abisa ngawula marang ing gusti | aja dumèh yèn kadang ||

24. apan wong agung dudu sasami | aja dumèh lamun kinasihan | putraning ratu pindhone | Radèn Sudira dhêku | sumungkêm ing pada smu tangis | kang rama angandika | hèh sebaa gupuh | Sudira sira dinuta | aja suwe aturna agèr dèn aglis | ature arinira ||

25. lamun sandika aturing gusti | putra kalih ing rama manêmbah | lumèngsèr saking ngarsa ge | mêdal jawining pintu | Radèn Suryakusuma aglis | tumamèng Kadipatyan | prapta ngarsanipun | manêmbah aris aturnya | igih sampun adhimas kula dhawuhi | aturipun sandika ||

26. Pangran Dipati mèsêm ing ati | nahan gantya ikang kawuwusa | Dyan Ayu Lêmbah kramane | Pangran Dipatya baul | lawan garwa saliring sari | wus karsaning Yyang Sukma | winastan ing catur | jodho mradangi [mradang...]

--- [f. 470v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 90 dari 96

[...i] kewala | lan sang rêtna tan pêgat awawal pikir | sakarsanya tan rêmbag ||

27. pan katutuh pangran darbe sêlir | kêkalih warna samya yu endah | ingêla-êla kalihe | supe mring radèn ayu | kulinèng ing sêlir kêkalih | asale Mangunjaya | abdine sang bagus | saking ngunje pêpundhutan | dadya sira Dyan Ayu Lêmbah gumisir | mantuk mring Kapugêran ||

28. nanging Radèn Suryakusumèki | maksih anèng dalêm Kadipatyan | kawratan pangran êsihe | gantya ikang winuwus | sri narendra midhangêt warti | lamun kang putra tukar | angubon kang mantu | wus anèng ing Kapugêran | ya ta lakung sukawèng[127] tyasira aji | risaksana putusan ||

29. wontên abdinira sri bupati | pan têtiga sami Suranata | Ki Ăngga lawan Ki Êsèh | lan Ki Surawadi ku | kinasihan dening nrêpati | ingandêl saba pura | sabinnya anajung | sakikil katiga pisan | tinimbalan prapta ngarsa manganjali | sang nata angandika ||

30. sira Ăngga lan Êsèh sun tuding | maringa sira ing Kapugêran | matura adhimas age | rong prakara lakumu | atakona apa karani[128] | sutèngsun anèng kana | apa marganipun | apurik rinêbut apa | lan pidhone[129] matura adhi dipati | yèn isun mundhut pola ||

31. Ki Mesanular polaning kêris | dèn gawèkna ngadhimas tènana | lan polane Ki Palèrèd [Pa...]

--- [f. 471r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 91 dari 96

[...lèrèd] | isun arsa anurun | Ăngga Êsèh nulya ngabêkti | mijil lampahe sigra | Kapugêran rawuh | pangeran lagya pinarak | masjid alit mugèng panirat ing jawi | satirahing balumbang ||

32. kagèt miyat ing Ki Ăngga prapti | lan Ki Êsèh pangran angandika | ragane baya kinèngkèn | andhawuhakên wuwus | Kyai Ăngga Êsèh ngabêkti | agèr amba dinuta | ing raka jêng prabu | andangu pratmaja tuwan | marmanipun dyan ayu wontên nèng ngriki | pangran aris ngandika ||

33. isun Ăngga tan wikan ing warti | lawan iwang durung atêtanya | apa dening nahing agèr | tan matêdhani wêruh | lan si rara sun durung panggih | bêcike têtêmua | sadhela gustimu | Ăngga sira pariksaa | Ăngga Êsèh andhêku turira ajrih | nglakungi karsa tuwan ||

34. ping kalihipun kawula gusti | pinutus mundhut ikang wasiyat | kêkalih igih polane | rakanta arsa nurun | bêbêrkatan paduka kêris | Kyai Mesapanular | igih polanipun | lan pola waos wasiyat | Ki Palèrad[130] rakanta karsa nganaki[131] | Pangran Pugêr ngandika ||

35. kyai bae gawanên abêcik | aja kudu sira mundhut pola | andadak apa jênênge | aturna kakang prabu | Ăngga Êsèh turira ajrih | kawula tan linilan | ing rakanta prabu | amundhut pola

--- [f. 471v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 92 dari 96

kewala | pangran angling ora kagawanên ugi | kyai bae turêna ||

36. pangran sigra amundhut tumuli | dhuwung wasiyat Ki Mesanular | lawan waos Ki Palèrèd | sinungkên Ki Sèh gupuh | lan Ki Ăngga saha tur bêkti | mêsat saking ngajêngan | tan kawarnèng ênu | sang nata kala ungkurnya | Ki Ăngga Sèh ing wiking Ki Sarawadi | ngutus mring Kadipatyan ||

37. kinèn mirsa dutanya Ki Patih | Soda aja ngaku yèn kaduta | ikang winarnaa manèh | Ki Ăngga Êsèh gupuh | prapta ngarsa nata ningali | yèn Ki Êsèh Ki Ăngga | amundhi kang dhuwung | wasiyat Ki Mesanular | lawan waos Ki Plèrèd duka nêrpati | wêdana bang sumirat ||

38. nityandik-andik lir wora-wari | banging jaja sru duka narendra | lir nuwêk tanpa sisipe | garap wêdaling wuwus | sapa akon mundhut kiyai | langar têmên ta sira | sun tan akon mundhut | mring kiyai balèkêna | Ăngga Êsèh kalakung jrihirèng ati | gumêtêr sariranya ||

39. pêgat-pêgat matur ing sang aji | saha ngaturakên pêjah gêsang | mangrêpa ing pada rajèng | lakung ajrih pukulun | ambêktaa dhatêng kiyai | dede saking kawula | ing sawadosipun | rayi panduka narendra | saking sangêt prasêtyaning sri bupati | mila kinèn abêkta ||

40. sri narendra ajrih aningali | Ăngga

--- [f. 472r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 93 dari 96

Êsèh gya kinèn mangsulna | sun amundhut pola bae | Ki Ăngga Sèh gya mundur | tan angrasa yèn darbe urip | sapraptanirèng jaba | saksana amundhut | jêjarane wong Kaparak | lumaksana tan adangu nulya prapti | ing dalêm Kapugêran ||

41. prapta ngarsa Ăngga Sèh turnya ris | kawula gèr dinukan rakanta | asangêt wau dukane | winastan purun-purun | têka ing pusaka kêkalih | kadya pinêjahana | sangêt ikang rêngu | mila kinèn mangsulêna | mundhut pola pangeran mèsêm ing galih | sigra akarya pola ||

42. tan adangu ikang pola dadi | panaringkên[132] duta nulya mêsat | prapta ngarsa nata age | ikang pola kapundhut | Ăngga Êsèh samya ngabêkti | matur ing sri narendra | prakawis sang ayu | wontêne ing Kapugêran | rayi dalêm dahat tan amirsa warti | nèng jawi sampun lama ||

43. ari nata dèrèng apêpanggih | putra nata Jêng Pangran Dipatya | dèrèng sung wikan pamane | têdhuh tyasira prabu | myarsa ture wau kang dasih | nahan ikang dinuta | amrasandu wuwus | marang wismane Ki Soda | Sarawadi saksana anulya prapti | ing byantara narendra ||

44. manjalèng suku turira aris | mila putra ji salayèng ing tyas | sa dyah winastan ambêke | kagêngên [kagêng...]

--- [f. 472v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 94 dari 96

[...ên] manahipun | datan kêni ujar kasliring | dados parunjining tyas | pangran têbihipun | pambêkanipun walaka | sri nalendra sukawèng tyasira dening | putra tan patut krama ||

45. nahan gantya kawuwus ing tulis | undhanga karya sagara yasa | kilèning kitha pêrnahe | tan ana ikang luput | wong pasisir măncanêgari | muwah wong Kartasura | myang sudagar ngindhung | samya kinêrig sadaya | kawangkidan dêdêge rare kang kêni | ing karya limang kilan ||

46. tan winarna lamine wus dadi | sagara yasa kalakung wiyar | miwah ing jêrone manèh | gantya pangurung-urung | giring sasam saking Matawis | pigir sagara yasa | kinarapyak têpung | sri cangkramanirèng nata | anyukakên[133] manah ikang dasih-dasih | mantri ngêmbar ngandaka ||

47. nulya nata akarya masigit | agêng pinola masigit Dêmak | dening ka lama masjide | nêgari Kartapurun | apan kobar lan malih alit | milanipun akarya | masjid gêng sang prabu | nahan gantya kawuwusa | Dyan Sindurja sêsunu jalu apêkik | wasta Rahadèn Sukra ||

48. tuhu kalamun bagus linuwih | dadya pêpujèning dyah sadaya | dadya sêsêkar prajane | bêranyak ambêk purun | apan sampun mêpêg birai | titir akarya brăngta | kondhang ing para rum | sanadyan samya

--- [f. 473r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 95 dari 96

wong priya | rêsêp mulat tur wasis ping[134] pramèng kawi | limpad pasang graita ||

49. mêngkana Radèn Sukra winarni | lagya sinuruhan ing wong ngarak | kinarya sêkar wiyose | ngarak ing ngalun-alun | anujoni Pangran Dipati | namur miyat wong ngarak | kagyat duk andulu | ing Dyan Sukra nitih kuda | asêsirig mugèng satêngahing baris | busananira mubyar ||

50. pangran atanya marang ing dasih | sapa ika ikang atêtêgar | têngahing baris pêrnahe | Ki Patih Soda matur | gih pun Sukra wastane gusti | anakipun Sindurja | pangeran gya kondur | kalakung ewa tumingal | pinarak ing pigir bata gung kang dasih | wus angumpul sadaya ||

51. atanapi kang para kêkasih | myang kang para lêlurah sadaya | Suthiwon Gagarusite | Kontholblang Wirakabluk | Jagatngampar lan Sêtyaluthik | Bajodharat pininjal | lawan Sutakithung | samya nèng ngarsa sadaya | Dyan Sukra wus praptèng ngarsa nikêl warti | Pangran Dipatya mulat ||

52. sakalakung panase kang galih | tan na dosane amung bagusnya | kang dadi asru dukane | darbe panastèn kalbu | pangran nulya ngêjèpi dasih | sarêng ngêbyuki ing Dyan | Sukra dhuwungipun | wus kêna lajêng binasta | sambat paran dosa kawula gusti |[135] pangran asru ngandika ||

53. mênênga Sukra aja baribin | kawênang-wênang [kawênang-wê...]

--- [f. 473v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119): Citra 96 dari 96

[...nang] ing akuhira | têtêgar têngah wong akèh | tanna maning wong bagus | amung sira wong sanêgari | lêlancur Kartasura | akuhmu lir mêndur | alah kang mêngku nêgara | iya maning nora nana wong jalanthir | kang anèng pukurira ||

 


Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.88. (kembali)
kagyat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.89, Pupuh 109.19.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.99.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.19.9). Bandingkan: kagèt (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.19.9). (kembali)
pinocok (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.22.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.22.3). (kembali)
utamangganira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.22.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.22.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.22.4). (kembali)
Anrangkusuman (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.25.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.25.1). (kembali)
Bandingkan: Dlèr (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.28.4). (kembali)
Singkatan iki, kata-kata dene ki bisa juga ditranskripsi menjadi denèki. (kembali)
Cakraningrat (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.91, Pupuh 109.36.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.36.3; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 190.3.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.36.3). (kembali)
marang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.93, Pupuh 109.60.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.59.1). (kembali)
10 sawingkinge (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.64.9). (kembali)
11 Kurang satu suku kata. Bandingkan: sawingkinge pinundhut Ki Surapatya (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.65.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.64.9). (kembali)
12 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Kapitan Tak asru muwus (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.68.6); Kapitan Tak sarwi muwus (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.67.6); amulir babrêngosipun (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.68.6). (kembali)
13 Lebih satu suku kata. Bandingkan: mangrêpa nêmbah suku sang (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 40.73.3); manêmbah angaras pada (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 130.74.3); Surapati nguswa pada (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 11.74.3). (kembali)
14 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.95. (kembali)
15 Miyanggi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.3.2). (kembali)
16 sadhiya (dan di temapt dan bentukan lain). Bandingkan: sayaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.16.3); siyaga (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 192.23.3). (kembali)
17 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: atur uninga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.22.6; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.20.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 192.29.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.20.6); ngaturi wikan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.21.6). (kembali)
18 dinuta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.96, Pupuh 110.25.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.27.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.25.5). (kembali)
19 ngrewangi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.27.2; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.28.2). Bandingkan: ngrowangi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.29.2). (kembali)
20 Terdapat dobel sandangan: êjogi atau ejogi. Bandingkan: êdrèli (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.97, Pupuh 110.33.7); jogi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.34.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.35.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.33.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.33.7). (kembali)
21 Bandingkan: madayèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.42.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.37.5); acidra (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.36.5); amadal (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.36.5). (kembali)
22 Kurang satu suku kata: kawarnaa Radèn Arya Sindurêja. Bandingkan: samya ngrakit Rahadèn Arya Sindurja (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.42.1); ya ta wau sira Arya Sindurêja (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.52.1); kawuwusa Radèn Arya Sindurêja (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.41.1); ya ta Radèn Sindurja wau punika (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.41.1). (kembali)
23 Bandingkan: rasêksa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.98, Pupuh 110.51.4). (kembali)
24 têtopongira. Bandingkan: tatopongira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.53.4); topongira Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.63.4); têpiyonira (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.52.4). (kembali)
25 marakkên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.98, Pupuh 110.52.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.63.6). (kembali)
26 Kurang satu suku kata. Bandingkan: mundur prasamya alinggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.65.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.54.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.54.5); atarap padha alinggih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.55.5). (kembali)
27 ingangsahkên (dan di tempat dan bentukan lain). Bandingkan: angairi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.67.3); angabani (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.66.2; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.8.3); mandhegani (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.66.3). (kembali)
28 lampahnya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.100, Pupuh 110.77.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.86.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.77.4; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 194.19.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.77.4). Bandingkan: lampahira (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.78.4). (kembali)
29 angguguk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.101, Pupuh 110.87.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.95.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.87.7). (kembali)
30 Bandingkan: dhêdhaharan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.101, Pupuh 110.88.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 12.89.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 41.88.1); pêpanganan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 116.96.1); andhaharan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 131.88.1). (kembali)
31 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.102. (kembali)
32 wangsul (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.102, Pupuh 111.8.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.8.6). (kembali)
33 Tanggal: naga sirna angrasa wani (AJ 1608). Tahun AJ 1608 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Desember 1684 sampai dengan 27 November 1685. LIhat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.9.5–6; walu lang winayang prabu (AJ 1608) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.8.6); gajah lunga kawayang jalma (AJ 1608) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.9.5–6). (kembali)
34 sewakèng. Bandingkan: seba (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.17.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.16.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.16.7); nungkul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.17.7). (kembali)
35 jagade (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.104, Pupuh 111.27.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.26.3); jagate (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.27.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.26.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.27.3). (kembali)
36 sanggup (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.104, Pupuh 111.29.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.28.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.29.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.29.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.28.7). (kembali)
37 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Ki Jiwaraga lingnya ris (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.33.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.34.1); Kyai Jiwaraga angling (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.34.1); Ki Jiwaraga ling aris (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.33.1). (kembali)
38 angsul-angsule (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.105, Pupuh 111.37.6;). Bandingkan: angsul-angsul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.37.6); sul-angsul (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.36.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.36.6). (kembali)
39 angsulana (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.106, Pupuh 111.56.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.55.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.75.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.56.4). Bandingkan: angsul-angsulana (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.55.4). (kembali)
40 Kurang satu suku kata. Bandingkan: Radèn Arya Sindurêja (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.59.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.79.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.60.4; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.59.4). (kembali)
41 Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus asaos pasanggrahan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.82.2); wus acaos pasanggrahan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.63.2); sampun caos pasanggrahan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.62.2); gènnya saos pasanggrahan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.62.2). (kembali)
42 apanggya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.107, Pupuh 111.63.7; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.62.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.62.7). (kembali)
43 sungguh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.107, Pupuh 111.68.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.87.6). (kembali)
44 Bandingkan: mantuk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.108, Pupuh 111.77.6); mangsuk (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.76.6); ngamuk (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.77.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.76.6). (kembali)
45 mangking (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.80.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.100.5; YSP1042, Pupuh 132.81.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.80.5). (kembali)
46 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ingsun kang duwe bubuhan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 13.83.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 132.84.4); manira kang kabubuhan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 117.103.4); ingkang aduwe bubuhan (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 42.83.4). (kembali)
47 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.110. (kembali)
48 branduwin. Bandingkan: **brandhuwin (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.2.5). (kembali)
49 dalêmira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.110, Pupuh 112.4.5). (kembali)
50 ambandakalani (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.112, Pupuh 112.20.1). Bandingkan: ambăndakalani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.20.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.11.1). (kembali)
51 sudara (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.22.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.22.8; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.13.8). Bandingkan: saudara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.19.8). (kembali)
52 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dhawuhakên timbalaning nata (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.24.2); dhawuhakên andikaning nata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.24.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.21.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.15.2). (kembali)
53 sri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.112, Pupuh 112.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.24.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.21.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.15.9). Bandingkan: karsa (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 14.24.9). (kembali)
54 Bandingkan: jumurung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 118.26.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 133.23.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 43.17.9). (kembali)
55 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.114. (kembali)
56 kintaki. (kembali)
57 pamungkase (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.114, Pupuh 113.6.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.6.3). (kembali)
58 Bandingkan: yuswanya (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.114, Pupuh 113.9.4). (kembali)
59 Lebih satu suku kata. Bandingkan: apan bêbêthèk anyare dhingin (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.13.1). (kembali)
60 Bandingkan: Impun (dan di tempat lain) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.16.3). (kembali)
61 lingsène (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.115, Pupuh 113.26.2). (kembali)
62 turangganira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.116, Pupuh 113.30.1). (kembali)
63 Kurang satu suku kata: kang têngga kori tur uninga ge. (kembali)
64 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Teja kang sêpuh sinung ling (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.33.1). (kembali)
65 ngaryakkên. (kembali)
66 basanta (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.41.3). (kembali)
67 Lebih dua suku kata. Bandingkan: grana rungih-rungih (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.42.5). (kembali)
68 kinocok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.117, Pupuh 113.45.2). Bandingkan: kinosok (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.45.2). (kembali)
69 kawingkis (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.45.5). (kembali)
70 karênggèng (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.117, Pupuh 113.47.1; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.47.1). (kembali)
71 sungkan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.117, Pupuh 113.50.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 18.50.5). (kembali)
72 sungkan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.117, Pupuh 113.51.4). (kembali)
73 kucing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.118, Pupuh 113.61.4). (kembali)
74 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.119. (kembali)
75 banyak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.120, Pupuh 114.9.1). (kembali)
76 lambok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.120, Pupuh 114.9.6). (kembali)
77 cundhuk (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.120, Pupuh 114.17.6; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 19.16.6). (kembali)
78 pratiwa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.121, Pupuh 114.19.2). (kembali)
79 Kurang satu suku kata. Bandingkan: tri pratiwa mêsat sing Pugêran (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.121, Pupuh 114.19.2). (kembali)
80 sihing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.121, Pupuh 114.21.6). (kembali)
81 narendra (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.121, Pupuh 114.25.5). (kembali)
82 Lebih satu suku kata: tinrimakkên Sindurja. (kembali)
83 nahan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.122, Pupuh 114.29.8). (kembali)
84 Kurang satu suku kata: Dyan Ayu Sindurêja. (kembali)
85 paduka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.122, Pupuh 114.35.1). (kembali)
86 Kurang satu suku kata. Bandingkan: dening raka paduka nrêpati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.122, Pupuh 114.35.1). (kembali)
87 kinèn (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.122, Pupuh 114.35.2). (kembali)
88 Kurang satu suku kata: kinèn mundhuta putra panduka. (kembali)
89 narapati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.123, Pupuh 114.40.9). (kembali)
90 Kurang satu suku kata. Bandingkan: aningali ing sira sri narapati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.123, Pupuh 114.40.9). (kembali)
91 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.124. (kembali)
92 Lebih satu suku kata: Wilaja mêtua jaba. (kembali)
93 Lebih satu suku kata: saosa besuk sakanca. (kembali)
94 Lebih satu suku kata: bupati ngatêrna putra. (kembali)
95 Lebih satu suku kata: rinênggèng panti ngrum endah. (kembali)
96 Lebih dua suku kata. (kembali)
97 Lebih satu suku kata. (kembali)
98 Biasanya guru lagu a: alênggah. (kembali)
99 Lebih satu suku kata: sah rêrêpi mrêk ing garwa. (kembali)
100 Lebih satu suku kata: saha anyandhak astanya. (kembali)
101 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.125. (kembali)
102 sadhidhik. (kembali)
103 mêngku (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.125, Pupuh 116.4.3; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 19.48.3). (kembali)
104 Bandingkan: punapantuke (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.125, Pupuh 116.7.1). (kembali)
105 tunjung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.126, Pupuh 116.9.4; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 19.53.4). (kembali)
106 Kurang satu suku kata. Bandingkan: tuwasana kawulane gusti (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 19.55.1). (kembali)
107 ngrungkêbi (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.126, Pupuh 116.14.9). (kembali)
108 mingsêk-mingsêk (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.126, Pupuh 116.14.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 19.58.10). (kembali)
109 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.127. (kembali)
110 durnadur. (kembali)
111 pratignya. (kembali)
112 manggis (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.128, Pupuh 117.13.6). (kembali)
113 akongah-kangih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.128, Pupuh 117.14.5). (kembali)
114 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.129. (kembali)
115 Kurang satu suku kata: myang garwane alum ing nityane. (kembali)
116 jiwanggane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.129, Pupuh 118.5.3). (kembali)
117 winangking (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.130, Pupuh 118.14.4). (kembali)
118 Lebih satu suku kata. Bandingkan: celung tibèng pandhan ranirèki (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 21.14.4). (kembali)
119 langking. (kembali)
120 Lebih satu suku kata: para lurah myang para kêkasih. (kembali)
121 Kurang satu suku kata: pan ingapit para ibu sori. (kembali)
122 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.132. (kembali)
123 Tanggal: wong nêmbah rêtu atine (AJ 1621). Tahun AJ 1621 jatuh antara tanggal Masehi: 21 Juli 1697 sampai dengan 9 Juli 1698. Lihat juga: wong nêmbah rasa tunggale (AJ 1621) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 22.6.3). (kembali)
124 Lebih satu suku kata: ningali putra ing Kapugêran. Bandingkan: ewa ing manah lamun tumingal | mring putra Kapugêrane (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 22.12.2–3). (kembali)
125 Lebih satu suku kata: kang dhinawuhan timbalan tan ngling. (kembali)
126 linakyan (dan di tempat lain). (kembali)
127 sungkawèng (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.135, Pupuh 119.28.9). (kembali)
128 karaning. (kembali)
129 pindhone (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.135, Pupuh 119.30.9). Bandingkan: kapindhone (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 22.49.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 136.134.9). (kembali)
130 Palèrèd (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.135, Pupuh 119.34.9). (kembali)
131 Terdapat dobel sandangan: nganaki atau nganake. (kembali)
132 pinaringkên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.136, Pupuh 119.42.2). (kembali)
133 anyukakkên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.136, Pupuh 119.46.9). (kembali)
134 ing. (kembali)
135 Kurang satu suku kata: asambat paran dosa kawula gusti. (kembali)