Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147)

Judul
Sambungan
1. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 001–005). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 006–012). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 013–021). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 022–031). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 032–040). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 041–055). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 056–068). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 069–083). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
9. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 084–095). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
10. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 096–108). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
11. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 109–119). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
12. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 120–132). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
13. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 133–142). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
14. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
15. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 148–151). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
16. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 152–161). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
17. Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 162–170). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 554r lanjutan] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 1 dari 83

143. Pangkur

[Wadya Kartasura campuh yuda mengsah wadya Pakubuwanan.[1]]

1. Ki Apatih Sumabrata | karsanira ngantêpa ing ajurit | sênjata tinata gupuh | kang baluwartinira | Arya Banyakwidhe wau kang tinuduh | dadya panganjuring yuda | Pangeran Balitar nênggih ||

2. myang Pangeran Surabaya | pan têtiga kinèn miyosi jurit | sampun mangkat sawadyèku | nahên wong Kartasura | Jêng Sinuhun Pakubuwana winuwus | ikang lagya masanggrahan | anèng Ungaran nêrpati ||

3. enjinge nêmbang têngara | orêg wadyèng ngriking kuda mlimpingi | karciking astra panguwuh | ing wadya kadi bêlah | kang pratala wong Pakubuwanan gêrgut | myang sagung para pugawa | sami sanega ing wèsthi ||

4. sang nata aris ngandika | ari êmas Mandura paran kapti | dera sapa dadi cucuk | ing yuda kang prayoga | Panêmbahan Mandura manêmbah matur | lamun suwawi ing karsa | anak kawula nrêpati ||

5. igih pun Suradiningrat | kang prayogi dadya panganjur jurit | angirid gêgaman sèwu | sami wong pêpilihan | akanthia Arya Jayapuspitèku | lan pun Panji Surèngrana | katri sura ing ajurit ||

6. sang nata mèsêm ngandika | sutèng ulun Suradiningrat aglis | lan Arya Japuspitèku | myang Panji Surèngrana | lah katiga sira isun karya cucuk | nanging ta wêwêkas iwang | lamun katèmpêr ing jurit [juri...]

--- [f. 554v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 2 dari 83

[...t] ||

7. angusia marang wutat | ayya ngamuk eman mênawa mati | nadyan tumêkènga lampus | barênga lawan iwang | lêbur luluh isun datan arsa kantun | lawan sanak-sanak iwang | kang samya asih mring kami ||

8. ya ta satriya katiga | amiyarsa pangandikaning aji | sigra anungkêmi suku | matur sarwi karuna | lêhêng abdi nata pêjaha karuwun | watên madya ngranagana | panduka tulus dadya ji ||

9. amêngku rat tanah Jawa | sri narendra awlas dènnya ningali | katiga sami rinangkul | uwis sira mênênga | sun tarima saking sihira marèngsun | lah payo sira mangkata | kang kinèn sigra wotsari ||

10. katiga wus sami budhal | saha balanira sumahab sami | ing wiking sigra sumambung | amral kang dadya dhadha | panêmbahan kang dya pangawatipun |[2] asisih sang adipatya | ing Surapriga prajurit ||

11. sigra budhal sri narendra | ginarêbêg mring pugawa pasisir | nitih kuda Gulagêmpung | pinangagyan[3] tulya bra | wadyèng Pakubuwanan prayitnèng kewuh | tan têbih lan gustinira | sêdya barênga ngêmasi ||

12. wadyèng Sampang Surabaya | pan sanambang angapit kanan kering | rumêksa maring sang prabu | tan milya mring gustinya | wadyabala pasisir sigra sumambung | gumêrah syaraning bala | awor pangriking turanggi ||

13. asrang unining gamêlan | tanpa rungyan pinirsa angadhasih | awor karbêting lêlayu | katub ing samirana |

--- [f. 555r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 3 dari 83

bala Pakubuwanan sura anggêrgut | ya ta wau kawarnaa | kang dadya cucuking jurit ||

14. Rahadyan Suradiningrat | lawan Arya Jayapuspita nênggih | wus panggih sami panganjur | sigra campuh ing yuda | Pangran Surabaya nênggih musuhipun | kalawan Pangeran Balitar |[4] arame gènira jurit ||

15. sigra satriya katiga | sigra mangsah kang katêrajang gusis | wong Kartasura kèh lampus | datan măngga puliha | sigra Pangran Balitar nulya lumayu | angusi marang bitingan | sampun matur mring apatih ||

16. lamun mêngsahira prapta | Kyai Sumabrata têngara aglis | bêndhe tinitir angukung | têtêg kaya butula | wadyèng Kartasura prayitna ing kewuh | myang sagung para pugawa | karsa ngantêpa ing jurit ||

17. kang wadya ingatag sigra | kinèn migah dhatêng ing Baluwarti | mariyêm pinasang gupuh | myang bêdhil kalataka | sira Radyan Suradiningrat glis rawuh | lan Apanji Surèngrana | lan Arya Japuspitèki ||

18. satriya tiga umangsah | lamun mêngsahira bêbiting sami | tanpa wilangan wongipun | mojar Jayapuspita | hèh wong Surabaya mandhêga rumuhun | apan dudu bobotira | angrasanga baluwarti ||

19. padha ngantèni kang wutat | tuwan amral myang gusti sri bupati | Panji Surèngrana muwus | sampun kakehan akal | nadyan kathah wong Kartasura ngong purun | kakang paduka nèng wutat | kawula kang nacak dhingin ||

--- [f. 555v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 4 dari 83

20. ciptane manah kawula | yèn sun babot mêsah[5] punika lan sih | ing narendra kirang musuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat asru amuwus | alês ujar punika |[6] sigra angatag mring dasih ||

21. sumahab wong Surabaya | lawan wadyèng Mandura galong pipis | wong Kartasura agupuh | kang mariyêm pinasang | syaranira pinirsa lir gunung rubuh | myang sanjata kalataka | kang sunapan sarêng muni ||

22. pêtêng kukusing sundawa | apan dhêdhêt lir sega têngah wêngi | wadyèng Sampang Surèngkewuh | binendrongan sênjata | nora mundur sangsaya sura dinulu | wus angrampid pambitingan | rinasang kang baluwarti ||

23. kawarnaa sri narendra | amiyarsa têngara asru muni | sênjata lir gunung rubuh | surak mangambal-ambal | jêng sinuhun nêrka yèn sampun acampuh | kang myang dadi pangarsa |[7] lakung mirmèngira galih ||

24. ginêlak lampahing bala | sampun prapta nênggih ing Kalicacing | Kumpêni lumampah ngayun- | ira sri naradipa | wadya Sampang miwah bala Surèngkewuh | katingal marang sang nata | yèn sampun angrasang biting ||

25. baluwartine rinasang | wadyèng Kartasura barêng bêdhili | akathah kang nandhang tatu | wong Sampang Surabaya | Panji Surèngrana awas dènnya dulu | lamun balanira rusak | kalakung dènira runtik ||

26. têdhak saking luhur kuda | Radèn Suradiningrat datan kari | myang Arya Japuspitèku | mangsah sarya ngandika | hèh wong Surabaya [Su...]

--- [f. 556r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 5 dari 83

[...rabaya] aja na kang mundur | lah payo sira idêka | bubrahên kang Baluwarti ||

27. wong Surawèsthi sumahab | Baluwarti rinêbut dèn ugahi | prasamya arêbat lawung | mugah mring pambitingan | bala Kartasura kalakung apêngkuh | tan sêdya mundur ing rana | sênjata wus tanpa karti ||

28. atarung lawung kewala | ting barêkuh sami arêbut biting | ya ta wau sang aprabu | arsa ngawaki yuda | wêlas miyat maring bala Surèngkewuh | tanapi wadya Mandura | kangelan arêbut biting ||

29. apan kêkathahên lawan | sri narendra amêpak ikang abdi | wong Pakubuwanan gêrgut | apan sumiwi ngarsa | Ki Apatih Cakrajaya mugèng ngayun | asaos ing karsa nata | Ki Wiracana tan kari ||

30. miwah Ki Wirasantika | Kyai Citrasoma ligih kapering | angandika sang aprabu | hèh Subah sun atanya | kakangira Si Malim katon adulu | kang tinanya atur sêmbah | abdi dalêm nandhang sakit ||

31. bêbêdhilên sukunira | lakung sangêt datan sagêd lumaris | sang nata lakung gêgêtun | ngandika mring apatya | wus pinasthi karsaning Yyang Maha Luhur | Si Malim adoh kang bêgja | yakti tan dadi bupati ||

32. sigra majêng sri narendra | karsa nata angantêpa ing jurit | lamun katèmpêr ing pupuh | suka seda ing rana | Ki Palèrèd pinundhi ing astanipun | myang dhuwung Ki Mesanular | cinothe mugèng ing kering ||

33. bala Sampang Surabaya | kang

--- [f. 556v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 6 dari 83

rumêksa marang sri narapati | mulat marang sang aprabu | arsa ngawaki yuda | sigra mangsah anglancangi marang ngayun | tandange lir singa lodra | barêng migah marang biting ||

34. tanapi Amral Sapilman | sigra ngatag marang wadya Kumpêni | sarêng dènira anêmpuh | panggah wong Kartasura | Ki Apatih Sumabrata mugèng pukur | lawan Ki Mandurarêja | eca lênggah dèn payungi ||

35. Ki Arya Jayapuspita | wus malêbêt marang sèjroning[8] biting | myang Panji Surèngranèku | lawan Suradiningrat | bala Sampang Surabaya sarêng mudhun | marang jroning pambitingan | ki patih awas ningali ||

36. yèn wong Sampang Surabaya | wus malêbêt marang sajroning biting | sakalakung dukanipun | sigra nrêgakên wadya | bala Kartasura sarêng dènnya nêmpuh | myang para mantri sadaya | sarêng mangsah ing ajurit ||

37. wadya Sampang Surabaya | datan gisir kalih sura ing jurit | arame lawung-linawung | wanèh pêdhang-pinêdhang | rêmpu watang prasamya anarik dhuwung | wus rukêt dènira yuda | prasamya kêris-kinêris ||

38. bala Sampang Surabaya | tandangira lir buta asal daging | anigas sarwi anuduk | rusak[9] wong Kartasura | sira arya pangamukira angiwud | myang Apanji Surèngrana | pangamuke ngobrak-abrik ||

39. gumêr madyaning ranăngga | lir kiyamat sêsambating wong kanin | Ki Arya pangamukipun | muka kuthah ludira | pirang-pirang wong

--- [f. 557r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 7 dari 83

Kartasura kang lampus | kang wangke pating jalêmpah | tinon lir babadan pacing[10] ||

40. wong Sampang lan Surabaya | kacarita akathah kang ngêmasi | nanging datan pinalaur | pan ingidêk kewala | mring kancane prasamya arêbat musuh | giris bala Kartasura | ningali wong Surawèsthi ||

41. miwah kang dadi pangawat | panêmbahan wus ngobongi ing Tikir | myang Dipati Surèngkewuh | angawêt barisira | Ki Apatih Sumabrata awas dulu | yèn tinikung barisira | sampun angingêr turanggi ||

42. miwah sagunging pugawa | wus lumayu samya arêbut urip | ki Apatih datan kantun | kang wadya lit sasaran | bala Sampang asarêng surak gumuruh | kadya karêngèng awiyat | tanapi wong Surabanggi ||

43. sinusulan ing sanjata | mring Kumpêni sarêng dènnya bendrongi | sangsaya gugup lumayu | pugawa Kartasura | kawarnaa kang abaris nèng Balêdug | sagunge para sêntana | ambajêng[11] dènira baris ||

44. Pangeran Arya Mataram | kang minăngka senapatining jurit | pan ing nguni jangjinipun | kalawan ikang putra | sagapipun[12] purun nanggulang ing pupuh | lan raka kang madêg nata | anèng nêgari Sêmawis ||

45. êbang-êbange kang putra | susunan mas yèn pangran mênanga jurit |[13] sinung bang-bang alum-alum | lawan sabin salêksa | dhêdhak mêrang nagri tanah Jawi katur | mring Pangran Arya Mataram | milane agêng kang galih ||

--- [f. 557v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 8 dari 83

46. gêgamanira malatar | pra santana anèng Balêdug nênggih | lagya sami ugêm catur | Pangran Arya Mataram | Ki Apatih Sumabrata sigra rawuh | lawan sagunging pugawa | kang sami kawon ajurit ||

47. gègèr wadya pabarisan | pan katunjang palayune ki patih | dipun nyana musuh rawuh | sami gègèr puyêngan | Ki Apatih Sumabrata sampun cundhuk | lan Pangran Arya Mataram | sigra atanya mring patih ||

48. kadospundi ikang warta | dene sigra-sigra praptèng ing ngriki | kang tinanya alon matur | agèr tiwas kawula | kawon yuda amêngsah wong Surèngkewuh | kalawan bala Mandura | tanapi wadya Kumpêni ||

49. pun amral amawi bala | tiyang Ambon Makasar kalawan Bugis |[14] lir Rowana[15] tandangipun | Baluwarti rinangsang | miwah wadya Mandura lan Surèngkewuh | pangamuke kadi yaksa | datan mundur dening bêdhil ||

50. kadangipun Adipatya | Surapriga ikang dados têtindhih | kalawan atmajanipun | pun adhi Cakraningrat | pan katiga pangamukipun angiwud | datan pasah dening braja | kawula giris ningali ||

51. datan kenging pinopoa | solahira kadi wong naur sêngit | myang wong pasisir supênuh | nênggih tanpa wilangan | jêng pangeran amiyarsa aturipun | Ki Apatih Sumabrata | kalakung angrês ing galih ||

52. pangeran alon atanya | pitên kèhe rencang kang mati

--- [f. 558r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 9 dari 83

jurit | Patih Sumabrata matur | adhuh anggèr atusan | agêng alit kang pêjah madyaning pupuh | myang mêngsah kathah pralena | pan ewun[16] yèn winatawis ||

53. lagya eca angandika | pan kasaru punang têlik kang prapti | pun Wiragati ranipun | tumamèng ngabyantara | Jêng Pangeran Arya Mataram andangu | kayaparan lakunira | Ki Wiragati sun tuding ||

54. kang tinanya aturira | igih sampun kawula kesah anêlik |[17] andombani lampahipun | raka kang madêg nata | pan ing make nèng Salatiga sang prabu | amakuwon saha wadya | miwah pugawa pasisir ||

55. pêpêk wontên Salatiga | ikang dados pamugarining jurit | Panêmbahan Mandurèku | lawan pun Adipatya | Surabaya kalih dadya agul-agul | dhinahar saaturira | dhatêng rakanta sang aji ||

56. pun Adipati Jangrana | abêbala tigang èwu prajurit | sami tiyang têguh timbul | miwah pun Cakraningrat | pan abêkta wong Mandura tigang èwu | nama wadyèng Dulangmangap | tanapi bala Kumpêni ||

57. pênuh watên Salatiga | tiyang Ambon Makasar lawan Bugis | wontên dening rêmbugipun | gusti sri naranata | myang pugawa lamun katèmpêr ing pupuh | tan mundur dhatêng Sêmarang | karsanya alêbu[18] gêni ||

58. yèn tan bêdhah Kartasura | datan nêdya padangdanana malih | sampun gilig rêmbagipun [rêmba...]

--- [f. 558v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 10 dari 83

[...gipun] | sagung para pugawa | tuwin putra myang Dipati Surèngkewuh | lawan Panêmbahan Sampang | kalih nêdya pêjah jurit ||

59. myang raka panduka nata | karsanira rêrêmpon lan kang abdi | suka sedaa ing pupuh | Pangran Arya Mataram | amiyarsa punang duta aturipun | lakung ngênês manahira | Ki Sumabrata wus pamit ||

60. mantuk marang Kartasura | sakathahe para pugawa nênggih | kang sami kawon prang pupuh | tumut dhatêng ki patya | Jêng Pangeran Arya Mataram winuwus | sêmana lali samaya | saking angrêse kang galih ||

61. dadya pikiring tyasira | angur aku karyaa bêcik dhingin | marang kakang sang aprabu | ya ta nulya utusan | ikang abdi karakêt kang dipun utus | aran pun Wăngsamênggala | pan sampun winêling-wêling ||

62. kang duta wus lumaksana | tan kawarna ing marga sampun prapti | Salatiga kang jinujug | Panêmbahan Madura | sira Wăngsamênggala sigra acundhuk | lawan Panêmbahan Sampang | wus katur punang wêwêling ||

63. Pangeran Arya Mataram | panêmbahan lakung tustha ing galih | duta wus binêkta gupuh | sohan mring pasanggrahan | kawarnaa sira Kajêng Sang Aprabu | Sinuhun Pakubuwana | lagya sineba ing mantri ||

64. Ki Apatih Cakrajaya | wus aseba mugèng ngarsa nrêpati [nrêpa...]

--- [f. 559r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 11 dari 83

[...ti] | lawan Sujanapurèku | miwah Ki Wiracana | Ki Ngabèi Wirasantika tan kantun | myang Tumênggung Citrasoma | wus mugèng ngarsa nrêpati ||

65. Ki Adipati Jangrana | mugèng ngarsa lan Dipati Sêmawis | angandika sang aprabu | hèh ki besan Sêmarang | wadyèng Sampang lawan bala Surèngkewuh | panyananisun kasoran | duk aprang arêbut biting ||

66. lamun kasoran ing yuda | têkanisun arsa ngawaki jurit | Ki Jayapuspita matur | abdi dalêm sadaya | sampun alèh nênggih kêkathahên musuh | nuntên kawula umangsah | kalawan pun adhi Panji ||

67. tuwin pun Suradiningrat | wong têtiga sarêng lumêbêt biting | nuntên abdi dalêm purun | sami ngamuk sadaya | mêngsah dalêm wong ing Kartasura pêngkuh | acaruk dhuwung kewala | abdi dalêm kathah kanin ||

68. miwah bala Kartasura | kathah pêjah wangke susun atindhih | lakung suka sang aprabu | miyarsa aturira | sira Arya sampun pinaringan dhuwung | tuwin Dyan Suradiningrat | myang Panji Surèngranèki ||

69. katri ginanjar busana | sigra Panêmbahan Mandura prapti | tumamèng byantara prabu | manêmbah ing suku sang | lugyèng ngarsa panêmbahan nulya matur | patikbra atur uninga | rayi panduka nrêpati ||

70. Pangeran Arya Mataram | pan utusan dhatêng kawula gusti | gih punika dutanipun | angandika sang nata | hèh caraka ingutus apa

--- [f. 559v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 12 dari 83

sirèku | marang arimas Mataram | punang duta matur aris ||

71. pukulun kula dinuta | dhatêng rayi panduka sri bupati | ngaturakên sêmbahipun | lawan kang pêjah gêsang | rayi nata ing mangke arsa anungkul | sêdya yuda gêgorohan | dening padhange kang margi ||

72. sampun kawatir panduka | rayi nata kang mêngakkên ing margi | lakung suka sang aprabu | miyarsa turing duta | kang sinuhun alon dènira amuwus | yèn mêngkono ari êmas | wurung ngayoni mring kami ||

73. hèh duta sira muliha | umatura marang gustining rèki | asêdya cundhuk marèngsun | luwih saking prayoga | sun tarima adhimas ing têlukipun | Wăngsamênggala tur sêmbah | wus mintar mêgatruh ganti ||

144. Mêgatruh

[Wadya Surabaya lan Madura campuh yuda mengsah wadya Kartasura.[19]]

1. ênêngêna punang duta lampahipun | pêndhak enjing budhal sang aji |[20] kang wadyakosya gumuruh | datan owah tatanèki | kadya sabên lampahnya lon ||

2. ikang wadyabala Mandura agêrgut | amral dadya dhadhanèki | panêmbahan keringipun | dipati ing Surawèsthi | mugèng kanan sawadya wong ||

3. angajrihi dene ikang dadi cucuk | para putra Mandurèki | myang kadanging Surèngkèwuh | ya ta ikang kawarni |[21] Pangran Arya Mataram mangko |[22]|

4. gêgamane wus tinata saking Blêdug | prapta Gêndhèng ikang baris | tanpa wilangan dinulu | wadyabala Kartawani | sampun prapta ing palugon ||

5. wong

--- [f. 560r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 13 dari 83

ing Surabaya sigra anêmpuh |[23] tuwin wadyèng Mandurèki | tandange lir singa catur | dhadhal bala Kartawani | senapatine malyya mangko |[24]|

6. andhingini wadya lit sarêng lumayu | arêbut koripan sami | lir blah arga syaranipun | gadibêg wong lumayyèki | watang wus dèn putungi rêmpon |[25]|

7. bala Sampang Surabaya ngungsir anglud | wanèh abêbandhang sami | ya ta wau kang winuwus | Tumênggung Wiragunèki | biting Ngasêm sakănca wong ||

8. gêgamane malatar abra dinulu | baluwartine wus rakit | Susunan Mêkungrat[26] Mas wau |[27] arsa ngawaki ajurit | Ngasêm dènnya mêthuk katong ||

9. ing yudane ikang paman sang aprabu | gènnyarsa rêrêmpon aji | anèng lêbêt kithanipun | sampun gêganjar kang abdi | lami kadipatèn kang wong ||

10. wus ginanjar busana wastra kulambiku |[28] pirang-pirang ikang mijil | donya saking jro kadhatun | busana kang adi luwih | gambira Kartasura wong ||

11. baris pănca samya yitnèng kewuh |[29] bra sinang busana mantri | dening kang dèn ayun-ayun | Pangeran Arya Matawis | dadya senapati kinon ||

12. muga-muga lananga ing yudanipun | amêngsah wong Surawèsthi | saguping putra sang prabu | purun prang arêbut jodhi | nagulang wong Surèngkewoh ||

13. mila pinupu besan mring nata prabu | sumungkêm ing galihnèki | marma Dèn Ajêng Wulan iku |[30] pinanggihakên ing nguni | lamun putra ing

--- [f. 560v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 14 dari 83

Mataos ||

14. Radyan Suryataruna wêwanginipun | krama paman Sang Dyah Sasi | pan sami pasihanipun | mila piyandêl sang aji | măngsa ta bisaa garoh ||

15. dening panggih lawan ing putraning rèku | kadang lawan atmajèki | yakti awrat ing putrèku | lawan sihira nglakungi | mring kang paman sira katong ||

16. sakathahe wadya tan nyana tyasipun | yèn Pangran Arya Matawis | makya miring galihipun | dumadya asilih gêndhing | kawarnaa sang akatong ||

17. lagya eca nata bala pan kasaru | dhatênge kang paman tri |[31] ikang mêntas kapalayu | myang para sêntana sami | pan Balêdug plajêngnya non ||

18. anut marga gung nunjang ing barisanipun |[32] pati-pati bêntusi |[33] Pangeran Arya Matarum | praptèng Ngasêm asru angling | hèh wong Kartasura mangko ||

19. kabèh sira padha bubara lumayu | rêbuta gustimu aglis | sapa rewang kendhang iku | isun pan ora kuwawi | musuh Sampang Surèngkewoh ||

20. sigra Kyai Wiraguna anêngguh |[34] dyan ngingêr kudanya aglis | nandêr marang ing kadhatun | sakathahing bala sami | kalulun Pangran Arya non ||

21. sampun tumamèng ing jro puri wus apangguh |[35] lan Sunan Makurat Mas sigih |[36] Jêng Pangran Arya Matarum | têbah jaja sarya angling | asora dènnya miraos ||

22. anak prabu pun bapa tiwas [ti...]

--- [f. 561r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 15 dari 83

[...was] ing kewuh | kawon gèn manira jurit | mêngsah dede sangganipun | abdi nata kathah mati | saking kathahe kang musoh ||

23. rencang kêdhik mila tan kuwawi musuh | yèn suwawi anak aji | sampun ngeca-eca prabu | dawêg gisira sing puri | dèn agupuh dera lalos ||

24. bilih kasêlak ing lampahe mêngsah prabu |[37] mêngsah dika sun wêtawis | saditên mangke pan rawuh | musuh tan kêna winilis | awêndran yutan pan ewon ||

25. dening rama andika sangêt tan emut | mêngsah lan sunu kaliputi[38] |[39] ing kawibawan sang prabu | lêgining wong ngêmut gêndhis | wah mêsah dede băngsa ngyong ||

26. Bali Bugis lan wadya Kumpêniku |[40] dinulu agêgilani | solahe mêngsah prang pupuh | tan agop bêdhil Kumpêni | sampuna emut wak ingong ||

27. igih tilar mring ngandika sang aprabu | upama mogoka mami | kalampaha pun bapa lampus |[41] myang wong Sampang Surèngwèsthi | malah sêsumbar palugon ||

28. Cakraningrat lan pun Jangrana wau |[42] batur yèn olih sirèki | santana ing Kartapurun | jana sira prajayèki | wudanana miwah sang katong |[43]|

29. iya lamun kasambut ing aprang pupuh | iya wudanana aglis | tugangna kêbo sarwi mukur |[44] sang nata sarêng miyarsi | ature Pangran Matawos ||

30. lakung gugup ing

--- [f. 561v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 16 dari 83

tyasira sang aprabu | ikang paman asru angling | lah dèn egal anak prabu | dawêg rêbat Koripan sami |[45] pitên bagi benjang katong ||

31. lamun sagêd sang nata andika wangsul | dhatêng prajèng Kartawani | sok maksiha dika ayu | nanging sok taksiha urip | ing yuda kênaka abot ||

145. Pangkur

[Sang nata Kartasura kéndhang. Sunan Pakubuwana ngebroki pura Kartasura. Pangéran Prangwedana kaukum pejah amargi mejahi kumpeni.[46]]

1. măngsa ta kiranga akal | milanipun Pangran Arya Matawis | kadya mêkatên turipun | dêdimone kang putra | glisa kentar dhuh agèr nêdha dèn gupuh | kawula kang anèng wutat | dadia kawaling jurit ||

2. layan kakangmas Panular | myang pun paman Natakusuma nênggih | bilih kasampok ing laku | kawula kang nagulang | ing yudane bala Sampang Surèngkewuh | sri narendra kagegeran | mirsa kang paman ngaturi ||

3. ya ta sagung para garwa | sarêng nangis gumêr sajroning puri | pawongan adangdan sampun | otêr wong dalêm pura | gêlung lukar sêsampur wudhar tan ketung | agugup samya karuna | asambat ing sri bupati ||

4. pinasthi karsaning Sukma | Susunan Mas datan wiyang ing kapti | sigra budhal sang aprabu | gumêr tangising garwa | sri narendra sêmana sêmu mêdal luh | pan tansah tinênggak-tênggak | sigra miyos saking puri ||

5. jêngkar saking ing nagara | pra pugawa taksih sami umiring | ing dina Kêmis kaetung | ping pitu ing tanggalnya | pan Dumadilawal[47] nênggih sasinipun | anuju taun Jimawal | anênggih

--- [f. 562r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 17 dari 83

ing măngsa katri |[48]|

6. lampahe mêdal Lawiyan | ngidul ngetan Giyanti kang dèn jogi | mring Kaduwang larogipun | ênêngêna kang kentar | kang Sinuwun Pakubuwana winuwus | pan sampun amasanggrahan | ing Balêdug kang dèn broki ||

7. rêrêb sadalu sang nata | enjing budhal saha bala Kumpêni | myang wong Sampang Surèngkewuh | pan sami angrêrayah | abêbayong wadya Mandura arusuh | wanèh minta bêbêrkatan | yèn tan pawèh dèn wudani ||

8. lêstari ing lampahira | masanggrahan nata nèng Majalêgi | ing dina Sukra kaetung | ping walu tanggalira | tugil sasi lan kang putra kendhangipun | gênti sadalu kewala | sigra rêrêb sri bupati ||

9. sipêng sadalu sang nata | enjing budhal saking ing Majalêgi | ya ta wau kang winuwus | Pangran Arya Mataram | lan Pangeran Natakusuma tan kantun | myang Pangran Arya Panular | kang sami kantun nêgari ||

10. sira pangeran têtiga | arsa mêthuk marang sri narapati | pan samya asaos suguh | anèng warung Kalitan | Tuwan Amral Sapilman anulya rawuh | panggih lan Pangran Mataram | myang Dipati Surawèsthi ||

11. tuwin Panêmbahan Sampang | cundhuk lawan Pangran Arya Matawis | Amral Sapilman amuwus [amuwu...]

--- [f. 562v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 18 dari 83

[...s] | wontên pundi sang nata | jêng pangeran alon dènira sumaur | wus tinutur solahira | mimiti malah mêkasi ||

12. amral tustha manahira | amiyarsa jêng pangeran kang warti | ya ta sinêgahan sampun | sigra sami adhahar | pra pugawa miwah amral sampun pênuh | anulya para prawira | kinèn anadhah sira glis ||

13. waradin dhatêng rêrêmbat | kang pasêgah sira pangeran katri | tuwan amral sampun laju | lan Panêmbahan Sampang | Adipati Surabaya datan kantun | ing alun-alun wus prapta | amral gêgêtun ningali ||

14. marang Kyai Sapujagat | atanapi Kyai Guturgêni[49] |[50] dening gêngira kalakung | datan kinarya yuda | tuwan amral migah dhatêng Sitiluhur | lajêng mring kori pamêngkang | kapanggih dipun kancingi ||

15. katri tan purun amêksa | ajringh[51] marang kajêng sri narapati | Amral Sapilman amuwus | hèh Panêmbahan Sampang | dika kari lan Dipati Surèngkewuh | manira bali amapag | maring kanjêng sri bupati ||

16. glis wangsul Amral Sapilman | Panêmbahan kang tinênggênah wuri | lan Dipati Surèngkewuh | sami anata bala | Panêmbahan karya baris sinangsiyung[52] | myang Adipati Jangrana | tinata wong Surawèsthi ||

17. Panêmbahan Cakraningrat | gêgamane apan awarni-warni | kang dadya lêlurahipun [lêlurah...]

--- [f. 563r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 19 dari 83

[...ipun] | nênggih para sêntana | sawarnine sami rasukan baludru | rêkta prasamya rinenda | kabèh akampuh kumitir ||

18. miwah Surapriga bala | tan prabeda sabusananya asri | gènnya akarya sêsiyung | wiwit ing pagêlaran | prapta Kamalayan nênggih ing barisipun |[53] têngêran tinon asinang | awra katiyup ing angin ||

19. wadya Sampang Surabaya | barisira tinon lir gunung api | kawarnaa ikang wangsul | sira Amral Sapilman | praptèng Ngasêm wus cundhuk lawan sang prabu | sigra matur mring sang nata | yèn praja kapanggih sêpi ||

20. yèn suwawi lawan karsa | sri narendra manjinga dalêm puri | angandika sang aprabu | lah iya payo mangkat | sigra budhal sira wau sang aprabu | gumêrah syaraning bala | sami gambira ing galih ||

21. sang nata nitih dipăngga | kacarita asalira Sêmawis | Raja Siyêm atur-atur | dhatêng Susunan Êmas | Adipati Sêmarang tan pawèh lakung | dadya ajrih kang utusan | liman katur mring nrêpati ||

22. pinalananan tulya bra | pra pugawa angapit kanan kering | gêgaman pasisir sampun | kariyin lampahira | anêpungi wong Mandura barisipun | tinata punang gamêlan | sunapan wus dèn isèni ||

--- [f. 563v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 20 dari 83

23. lampahira sri narendra | sampun prapta ing alun-alun nênggih | wadya Sampang Surèngkewuh | parêng nabuh gamêlan | kang sanjata sunapan pinasang gupuh | syaranya lir gunung rêbah | gong bèri munya ngadhasih ||

24. wanèh sami abêbêksan | wadya Sampang miwah wong Surawèsthi | gamêlan atri gumuruh | awor kriciking awastra |[54] sri narendra ing pagêlaran wus rawuh | têdhak saking ing dipăngga | para pugawa lumiring ||

25. Panêmbahan Cakraningrat | Adipati Surapriga tan têbih | Amral Sapilman tan kantun | miwah kang para putra | sri narendra sigra dhatêng Sitiluhur | lajêng mring kori Pamêngkang | kang pintu maksih kinunci ||

26. kandhêg lampahe sang nata | tuwan amral sigra nunggêl kang kunci | sampun mênga punang pintu | lajêng sri naradipa | adya para garwa wus manjing malêbu | nênggih ing dina Jumungah | gènnya ngadhaton sang aji ||

27. panêmbahan ing Mandura | sampun matur dhatêng sri narapati | yèn Pangran Mataram nukul | myang Pangeran Panular | apratuwin Natakusuma wus tundhuk | tanapi wong Kartasura | akathah kang sami prapti ||

28. datantita[55] sri narendra | kawuwusa Pangeran Angabèi | ing nguni nênggih tinantun | dhatêng Susunan Êmas | sanggap[56] tumut ing raka sabaya lampus | sarêng [sa...]

--- [f. 564r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 21 dari 83

[...rêng] kendhange sang nata | pangeran nipang ing margi ||

29. lan sapănca garwanira | lajêng ngili dhatêng desa ing Wêdhi | sarêng ngadhaton sang prabu | pangran wus mirsa warta | sigra dangdan saha wadya arsa cundhuk | mring rama sri naranata | sigra budhal tan asari ||

30. datan kawarna ing marga | praptèng praja katur ing sri bupati | ing karsanya sang aprabu | putra glis tinimbalan | tumamèng ing jro byantara sang aprabu | kalih sami anêngira | tuwin ikang para ari ||

31. sami anungkêmi pada | Jêng Pangeran Ngabèi asêmu tangis |[57] gènira pisah tri taun | makya lagya kapêdhak | myang sang nata kalakung suka ing kalbu | nahên kang asih-sinihan | gêntia ikang winarni ||

32. nênggih mangsuli carita | duk sang nata budhal saking Sêmawis | ikang putra kinèn kantun | ajaga ing Sêmarang | pan Kumpêni datan eca manahipun | yèn nata tan tilar putra | mila kantun ing Sêmawis ||

33. lan mênawi watên mêngsah | andhatêngi narombol saking wuri | marmanipun kinèn kantun | putra andêling yuda | Jêng Pangeran Prangwêdana têguh timbul | tan ana braja tumama | mila tinanggênah wuri ||

34. tinilar lan ibunira | pan ing mangke sampun miyarsa warti | yèn kang rama mênang pupuh | sampun ngêbroki pura | jêng pangeran pirêmbag lan kang ibu |[58] arsa

--- [f. 564v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 22 dari 83

nusungl[59] mring kang rama | wus tanna pakewuh wuri |[60]|

35. kang ibu nuruti karsa | sigra dadan saha wadyaning rèki | lopèras[61] nulya umatur | kang jaga ing Sêmarang | nahing agèr panduka sampun ge mantuk | yèn nata dèrèng utusan | tanapi pun amral gusti ||

36. sayêkti akintun sêrat | mring kawula yèn dika dèn timbali | sabên-sabên arsa mantuk | lopere[62] ing Sêmarang | angaturi jakêp sapisan ping têlu | pangeran kaku tyasira | anuju marêngi runtik ||

37. sampun karsaning Yyang Sukma | ikang rama lami datan nimbali | pangeran mêksa yun mantuk | lopèrès datan suka | kajuwêtên lopèrès sangêt turipun | anuju marêngi duka | dhasar prayayi bang-bang pring ||

38. pangeran supe sakala | subasita dahat tan kaèsthi |[63] lopèrès nulya sinuduk | jaja trus kapisanan | jêng pangeran sigra budhal tan asantun | kang ibu lakung sungkawa | samarga asangu tangis ||

39. dening polahe kang putra | mandahane dukanira sang aji | myang pangeran datanpa yun | mantuka dhatêng praja | nadyan lampus tyasira dhatêng ing Kêdhu | angancik ing Kabakalan | saking ajrih ing rama ji ||

40. kacarita Kabakalan | dhusunipun ikang rama ing nguni | kala Kapugêranipun | ya ta Kanjêng Pangeran | Prangwêdana sampun ngadêg barisipun | wong Kêdhu suyud sadaya | datan ana wani-wani ||

--- [f. 565r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 23 dari 83

41. lumawana ing ayuda | jêng pangeran sampun agêng kang baris | wêtawis wong sangang èwu | sampun katur ing nata | tuwin Amral Sapilman sira umatur | yèn Pangeran Prangwadana | anuduk bala Kumpêni ||

42. sakalakung dukanira | sri narendra aparentah ing mantri | Panêmbahan Mandurèku | lan Dipati Jangrana | kinèn ngusir Susunan Mas lampahipun | Dipati Sujanapura | tinuduh ing Kêdhu aglis ||

43. angipuk dhatêng kang putra | marang desa Kabakalan anênggih | wus mangkat sawadyanipun | myang Panêmbahan Sampang | sarêng budhal lan Dipati Surèngkewuh | bala pasisir binêkta | Kambangekan[64] dènnya baris ||

44. kawarnaa sunan kendhang | anèng Laroh anipêng[65] tigang latri |[66] Patih Sumabrata matur | lamun wadya Mandura | ngusir prawta[67] tuwin bala Surèngkewuh | Sunan Êmas kagegeran | wus budhal sawadyanèki ||

45. lumajêng dhatêng Kaduwang | para mantri miwah para bupati | akathah kang sami wangsul | cundhuk mring panêmbahan | katarima pra pugawa dènnya nungkul | wus katur marang sang nata | lakung tustha sri bupati ||

46. kunêng gêntya pinurcita | kang dinuta marang Kêdhu winarni | i Kabakalan wus rawuh | Pangeran Prangwadana | pan ingipuk marang Sujanapurèku | tan kawarna solahira | pangeran tyasira lilih ||

47. nutut mring Sujanapura | wus binêkta mring Kartasura aglis | sawadyanya datan kantun [ka...]

--- [f. 565v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 24 dari 83

[...ntun] | wêtawis tigang nambang | kang gêgaman kajawi ikang pêpikul | sapraptanira ing praja | katur dhatêng sri bupati ||

48. sang nata merang ing driya | ikang putra kinèn ngukum sira glis | linawe nèng masjid agung | kang ibu tumut bela | mring atmaja lakung dening kawlasayun | kang miyat sami karuna | ya ta kawarnaa malih ||

49. sira Panêmbahan Sampang | ikang ngusir ing Sunan Êmas nênggih | mangkya tinimbalan mantuk | dhatêng ing Kartasura | tuwin sira Adipati Surèngkewuh | dening kang putra wus têbah | mila sami kinèn mulih ||

50. sigra mantuk panêmbahan | tuwin sagung pra pugawa pasisir | pra dipati Surèngkewuh | dening mantri pugawa | Kartasura ikang prasami nungkul |[68] binêkta mantuk sadaya | layan ikang anak rabi ||

51. wus prapta ing Kartasura | kawarnaa kanjêng sri narapati | enjing siniwi sang prabu | pêpêk kang wadyabala | Kyai Patih Cakrajaya mugèng ngayun | lawan Panêmbahan Sampang | myang Dipati Surèngwèsthi ||

52. Dipati Sujanapura | sampun nangkil mugèng ngarsa nrêpati | Ki Citrasoma tan kantun | tuwin Ki Wiracana | Ki Tumênggung Jayaningrat jajaripun | miwah Ki Kartanagara | pêpêk pugawa pasisir ||

53. Pangeran Arya Mataram | tuwin Pangran Arya Panular nangkil | Pangran Natakusumèku | abukuh lênggahira [lênggah...]

--- [f. 566r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 25 dari 83

[...ira] | para putra pêpak anèng ngarsa prabu | sira Pangeran Dipatya | Mangkunagara wus nangkil ||

54. myang Pangeran Purubaya | jajar ligih lan Pangeran Ngabèi | Pangran Balitar tan kantun | Pangeran Dipasănta | tuwin sira Pangran Dipanagarèku | angandika sri narêndra | ari ing Sampang Dipati ||

55. kayaparan lakunira | anak prabu ing mêngko ana ngêndi | panêmbahan alon matur | gusti putra panduka | igih dhatêng Kaduwang ing larogipun[69] | dening sagung kang pugawa | tanapi kang para mantri ||

56. ing nguni tumut sadaya | nanging mangke akathah ikang prapti | sami cundhuk mring sang prabu | ngaturakên têtêkan | nanging kantun Mandurarêja kang tumut | kalawan pun Wiraguna | myang pun Sumabrata Patih ||

57. Mangunnagara kalayan | Arya Tiron miwah sêntana aji | angandika sang aprabu | hèh Patih Cakrajaya | sakathahe pugawa kang sami nungkul | iku padha lusurana | nanging Si Mangkuyudèki ||

58. sisihe Si Surataka | pan Si Natayuda dadiyèng wuri | myang Si Natakusumèku | têtêpa luguhira | lan Sindurja maksiha dadi tumênggung | myang ari Arya Mataram | lan ari Panular nênggih ||

59. maksiha kadi ing kuna | duk jênênge kakang prabu kang syargi | layan Si Citrasomèku | isun karya wêdana | gêdhong kiwa kang têngên Wiracanèku [Wiraca...]

--- [f. 566v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 26 dari 83

[...nèku] | miwah kaki Adipatya | makya sun wèhi lêligih ||

60. desa cacah gasal nambang | tuwin kaki Purbaya Adipati | lêligiha tigang èwu | myang Dipati Balitar | tigang nambang ing make lêluguhipun | Ki Ngabèi Loringpasar | isun paringi lêligih ||

61. cacah desa kalih nambang | anak isun Ki Dipanêgarèki | isun paringi wong sèwu | tuwin Ki Dipasănta | wong sanambang ing mangke lêluguhipun | ki apatih atur sêmbah | sigra jêngkar sri bupati ||

62. kacatur ing Kartasura | sampun têntrêm manahira wadya lit | miwah sira kang sinuwun | agêlar palamarta | ambêk santabudya sira sang aprabu | tan pêgat dènnya dadan-dadan |[70] eca manahing wong cili ||

63. ya ta wau tuwan amral | wus tinundhung mantuk sawadyanèki | myang komasaris tan kantun | Walandi kang tinilar | kalih atus kinèn jaga mring sang prabu | kapitanira satugal | sira Dipati Sêmawis ||

64. tumut marang tuwan amral | kinèn jaga marang bala Kumpêni | nahan ikang lagya mantuk | warnanên sunan kendhang | wus utusan sang nata amundhut bantu | marang nagri Pasuruhan | datan lami nulya prapti ||

65. utusane Surapatya | pêpatihe nênggih ikang tinuding | Ngabèi Lor lawan Kidul | sira susunan kendhang | sampun budhal saking [sa...]

--- [f. 567r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 27 dari 83

[...king] Kaduwang sang prabu | kapêthuk watên Dêrmalang | lan dutane Surapati ||

66. wus panggih lawan sang nata | Ngabèi Êlor amit sawadyanèki |[71] arsa lumaksanèng pupuh | bêdhahing Kartasura | wus linilan sigra lajêng lampahipun | datan kawarna ing marga | desa Kêmagaran prapti ||

67. watên dene sri narendra | lajêng marang nagari Pranaragi | Ngabèi Kidul winuwus | kang baris Kamanggaran | arêrayah wong desa sami lumayu | angusi marang jro kitha | wus katur marang Dipati ||

68. Sampang lawan Surabaya | lamun bala Pasedhahan dhatêngi | Panêmbahan Mandurèku | nimbali para putra | atanapi para kadang Surèngkewuh | kinèn sami adadana | sabusananing ajurit ||

69. gambira kang para putra | tuwin sagung pra pugawa pasisir | sadaya pan kinèn tumut | mangsah ing adilaga | kacarita dèrèng watên ikang mantuk | taksih anèng Kartasura | sagung pugawa pasisir ||

70. Ki Arya Jayapuspita | lawan Radèn Suradiningrat nênggih | myang Panji Surèngranèku | katri dadya mênggala | sigra budhal wong Surabaya agêrgut | miwah bala ing Mandura | datan kawarna ing margi ||

71. prapta ing warung Wêlandan | sigra baris sagung para dipati | cucuking mêngsah glis rawuh | nanging datan tinawan [tinawa...]

--- [f. 567v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 28 dari 83

[...n] | apan pinrih dêladag ing manahipun | wus sami ajêng-ajêngan | nêngêna wong Surabanggi ||

72. kawarnaa sunan kendhang | sampun prapta nêgari Pranaragi | agung cangkrama sang prabu | ing wana myang ing toya | para sêlir nênggih kawan dasa walu | kang tumut kendhang sang nata | Magung Katagung tan kari ||

73. miwah ikang pêpingitan | pan akathah milya mring Pranaragi | samarga tansah gung lulut | datan măntra yèn kendhang | saking praja ya ta wau sang aprabu | amundhut pagarogolan | mring Dipati Pranaragi ||

74. sira Radyan Martawăngsa | wus asaos banthèng kidang lan kancil | pirang-pirang kathahipun | mênjangan ikang kêna | binêthekan sigra miyos sang aprabu | sêlir binêkta sadaya | Magung Katagung nèng ngarsi ||

75. sakathahe ikang wadya | samya pêpêt nèng jawi bêthèk nênggih | ya ta wau sang aprabu | sigra amênthang laras | ikang sangsam ingarah panah tumanduk | sasam kêna kapisanan | Radyan Martawăngsa aglis ||

76. malêbèng jro pambêthekan | punang sasam kang kêna ing jamparing | winêdalakên agupuh | pêksanira Dipatya | Pranaraga sinambêlèha ing kaum | sasam kang kêna sênjata | katingalan mring sang aji ||

77. lamun Radèn Martawăngsa | malêbèng jro lakung duka nrêpati | nulya kinèn nyêkêl gupuh | Dipati Pranaraga | dèn kabiri niba

--- [f. 568r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 29 dari 83

ing siti tan emut | kang para putra karuna | ya ta kasaput ing wêngi ||

78. sagunging para sêntana | Pranaraga datan sagêd ningali | lakung sakite tyasipun | dening kêdhik kang dosa | sigra dadan karsane asaroh amuk | wus rêmbag para sêntana | sawanèh ana kang angling ||

79. saprandene Kartasura | pan wus ana ikang jumênêng aji | tur ambêk manah raharju | angapura ing dosa | angasihi ing dasih kang sêtya tuhu | asambar[72] lila ing donya | asih marang pêkir maskin ||

80. iki ratu jajah lanat | payo batur-batur ingamuk wani | sigra sami kesah gupuh | arêmbug marang wana | bala Pranaraga arsa saroh amuk | Ki Apatih Sumabrăngta[73] | sampun uninga ing wadi ||

81. yèn putra ing Pranaraga | arsa ngamuk sigra matur nrêpati | kapita tyasnya sang prabu | lakung gugup ing nala | nulya budhal angili marang Madiun | wadya alit kathetheran | pating kacècèr kang kari ||

82. kang kacandhak pinêjahan | wadya kasunanan kathah ngêmasi | wong Pranaraga agêrgut | wus ngadêg barisira | Susunan Mas sampun prapta ing Madiun | pan sami ajêng-ajêngan | lawan bala Pranaragi ||

83. aprang wana ing Gêgêlang | long-linongan wadya lit kathah mati | kunêng gêntya kang winuwus | para putra

--- [f. 568v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 30 dari 83

Mandura | atanapi para kadang Surèngkewuh | myang wong pasisir sadaya | wus campuh dènira jurit ||

84. lawan bala Pasêdhahan | Ngabèi Lor lakung sura ing jurit | miwah Angabèi Kidul | lakung dening sudira | anèng desa Ngaluyu gènira pupuh | kalakung ramening yuda | mêngsah rencang kathah mati ||

85. nênggih kêkathahên lawan | Ngabèi Êlor sigra lumayu aglis |[74] wong Surabaya amburu | palayune mangetan | anjog Samêdhangan maksih dipun bêburu |[75] arsa dhatêng Pranaraga | Ngabèi Lor mirsa warti ||

86. yèn susunan sampun budhal | mring Madiun Ngabèi Kidul aglis | nulya budhal sawadyèku | anjog ing Jagaraga | bala Sampang maksih sami ambêbujung | Ngabèi Lor lajêng ngetan | ing Madiun kang dèn jogi ||

87. bala Sampang Surabaya | maksih ngusir kandhêg anèng Gulathik | Ngabèi Lor sampun jêmuk[76] | lawan susunan kendhang | dyan binêkta lajêng mangetan sang prabu | wadya ing Pakubuwanan | ing Madiun kang dèn broki ||

88. barise wong Pranaraga | sampun kumpul lan wadyèng Surawèsthi | sunan kendhang sampun laju | rêrêb wontên ing Daha | bala kilèn mundur mring Kartasurèku | kari wong mancanêgara | bang kilèn kang sami baris ||

89. angajêngakên ing Daha | ênêngêna kang baris [bari...]

--- [f. 569r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 31 dari 83

[...s] ing Kadhiri | tuwan jendral kang winuwus | nênggih ngaturi sêrat | mring sang nata kang nuwala sampun katur | nulya wau tinukpiksa[77] | dene ungêle kang tulis ||

90. yèn suwawi karsa nata | Susunan Mas dawêg sami ingusir | saparane tinut pukur | miwah pun Surapatya | pan linêbur dhatêng anak putunipun | wadya pasisir sadaya | suwawi samya kinêrig ||

91. amêrêp mring Pasêdhahan | pan kawula saos bala Kumpêni | nênggih dhomas kathahipun | ikang dados mênggala | abdi dalêm pun komasaris pukulun | kapanujon sri narendra | wus rêmbug para bupati ||

92. ya ta wau sri narendra | pagunêman anèng ing kênyapuri | lan Dipati Surèngkewuh | myang Panêmbahan Sampang | mugèng ngarsa kang tansah tinantun-tantun | tuwin Ki Kartanagara | lan Cakrajaya Apatih ||

93. Dipati Sujanapura | mugèng ngarsa myang Ki Wiracanèki | angandika sang aprabu | arimas ing Mandura | angluruga marang Pasuruhan gupuh | mêdala ing lor kewala | anjoga ing Surabanggi ||

94. Si Komasaris Sêmarang | apangirid wadyabala Kumpêni | atêmpura lan sirèku | nagri ing Surabaya | wong pasisir panêngên aja na kantun | sira bêktaa sadaya | lan Dipati Surawèsthi ||

95. Ki Adipati Purbaya | angluruga mêtua Pranaragi | dening kang

--- [f. 569v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 32 dari 83

milyèng sirèku | wong pasisir pangiwa | sira kaki ikang minăngka têtugul | i yuda wong Kartasura | sira bêktaa sapalih ||

96. kang putra saha wotsêkar | tan lênggana ing karsanya rama ji | Panêmbahan Mandurèku | sampun aprajangjeyan | lan Pangeran Purbaya sêmayanipun | datan tulung-tinulungan | pangeran wus sarêng mijil ||

97. miwah sagung kang pugawa | wus tinundhung mantri sing wismanèki | ing latri datan winuwus | enjing pan sami dadan | Jêng pangeran Purbaya budhal karuwun | sinêngkalan tirta guna | angrasani wani nênggih |[78]|

98. ingiring kang wadyabala | mêdal Pace pangeran sawadyanèki |[79] Madiun karsa binujung | anjog ingêmbat-êmbat |[80] Panêmbahan Mandura wus mangkat gupuh | lan wadya pasisir kanan | myang Dipati Surawèsthi ||

99. datan kawarna ing marga | sampun prapta Surapriga nêgari | komasaris sampun kumpul | lan Panêmbahan Sampang | sigra mangkat dhatêng Pasêdhahan gupuh | gumêrah bala Mandura | tan sêdya mundur ing wèsthi ||

146. Durma

[Wadya Sampang lan Surabaya kabantu kumpeni perang mengsah wadya Pasuruhan. Kapitan Pambèbèr kaperjara déning Surapati. Adipati Wiranegara séda, jisimipun kabesem déning Welandi. Wadya Kartasura ambedhah nagri Pasuruhan.[81]]

1. dyan warnanên Dipati Wiranagara | sampun miyarsa warti | yèn wong Surabaya | tuwin wadya Mandura | kalawan bala Kumpêni | saking lor prapta | dipati lakung runtik ||

2. Radèn Surapati wus nêmbang têngara | para mantri glis prapti | miwah para putra | tuwin para sêntana | wong

--- [f. 570r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 33 dari 83

Bali pêpêk nèng ngarsi | sami busana | sakapraboni[82] jurit ||

3. wadyabala Pasuruhan kadya singa | tandangira ngajrihi | watawis salêksa | sami wong warêg dana | sigra budhal sang dipati | saha turăngga | ingiring dening mantri ||

4. pan agêrgut wadyabala Pasuruhan | datan kawarnèng margi | ing Bangil wus prapta | sigra anata bala | kawarnaa komasaris | lan panêmbahan | sampun prapta ing Bangil ||

5. miwah sira Adipati Surapriga | komasaris ningali | lamun Surapatya | barisira malatar | kalakung tustha ing galih | sampun tinata | barise wong Kumpêni ||

6. Komasaris Kênol ikang dadya dhadha | panêmbahan nèng kèri | minăngka pangawat | Dipati Surabaya | pangawat kanan gonnèki | para pugawa | pasisir wus pinalih ||

7. sarêng nêmpuh wadya Sampang Surabaya | tuwin bala Kumpêni | sarêng anyênjata | wadya ing Pasuruhan | apanggah datan gumisir | sarêng umangsah | tan ana ngucap ajrih ||

8. ramening prang apêtêng madyaning rana | dening kukusing bêdhil | bala Pasuruhan | pangamuke manêngah | wadya Kumpêni bêdhili | wong Pasêdhahan | akèh longe kang mati ||

9. Adipati Wiranagara tumingal | yèn dasihe kyèh mati | tuwin nandhang brana | lakung dening [de...]

--- [f. 570v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 34 dari 83

[...ning] bramatya | sigra umangsah ing jurit | myang para putra | tuwin kang para mantri ||

10. Radyan Surapati arsa ngawakana | jurit lawan Kumpêni | wong Bali sumahab | miwah wong Pasuruhan | datan ana ngucap ajrih | lir singa lodra | tandangira ngajrihi ||

11. sarêng anduk Wêlandi sigra nyênjata | mriyêm lan gutuk api | myang bêdhil sinapan | bala ing Pasêdhahan | têguh ingurugan mimis | pating jalêmpah | wangke susun atindhih ||

12. Adipati Wiranagara tan kewran | binendrongan ing bêdhil | sangsaya sudira | pangamuke manêngah | wadya Bali datan têbih | lan gustinira | angamuk galong pipis ||

13. Adipati Wiranagara lir yaksa | kang tinarajang gusis | anumbak anigas | Walandi kathah pêjah | Panêmbahan Mandurèki | tulung ing yuda | lan pugawa pasisir ||

14. sigra nêmpuh wong Dulangmangap sumahab | wadya Bali tan gisir | rame gènnya aprang | sami watang-winatang | sawanèh kêris-kinêris | dugang-dinugang | ana bithi-binithi ||

15. ramèni[83] prang tanbuh musuh lawan rewang | wong Sampang lan wong Bali | kalihe sudira | sami wong warêg dana | datan ana ngucap ajrih | awor kewala | samya lêmbing-linêmbing ||

16. ting barêkuh syarane kang badayuda[84] | myang sêsambating kanin | ana sambat biyang | awor

--- [f. 571r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 35 dari 83

putunging watang | braja putung ting carêkling[85] | wadyèng Kalagan | pêtêng lir têngah wêngi ||

17. alimêngan dening kukusing sundawa | pratiwi gonjang-ganjing | langit kêlab-kêlab | lintang pating samburat | wong Dulangmangap kyèh mati | tumpês suh sirna | ingamuk mring wong Bali ||

18. kawarnaa Dipati Wiranagara | kapisah lawan dasih | barisnya Wêlănda | wau kang tinarajang | Surapati dèn bêdhili | pan ora pasah | saya ngamuk mangukih ||

19. kinarubut Dipati Wiranagara | ginitikan ing bêdhil | wus putung kang watang | sigra narik curiga | kalakung sura ing jurit | sang adipatya | angamuk karo kêris ||

20. pinêdhangan Dipati Wiranêgara | nanging norana busik | sangsaya manêngah | ngamuk nuduk anigas | bala Kumpêni sirnanti[86] | pating sulayah | kadya babadan pacing ||

21. cinarita watên kapitan sutugal[87] | pun Pambèbèr namèki | Walandi kuwasa | ing sabrang tanpa sama | tate angrurah nêgari | Pambèbèr miyan[88] |[89] Walandi kathah mati ||

22. pun Pambèbèr sigra mangsah ngadilaga | tundhuk lan Surapati | kapitan atanya | sapa ranmu prawira | sang dipati anauri | kapir wruh sira | ya isun Surapati ||

23. kang jumênêng Dipati Wiranêgara | ngong prajurit sinêkti | angrusak Jakarta | payo sira bêdhila | Pambèbèr narajang aglis | sang adipatya | Pasuruhan binêdhil [binêdhi...]

--- [f. 571v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 36 dari 83

[...l] ||

24. wanti-wanti sinênjata datan pasah | malah têlas kang mimis | Radyan Surapatya | sigra malês amatang | pun Pambèbèr nora busik | putung kang watang | nulya anarik kêris ||

25. pun Pambèbèr aglis dènnya narik pêdhang | sira sang adipati | asru pinêdhangan | anging ta datan pasah | Surapati amalêsi | anuduk sigra | pun kapitan tan busik ||

26. pêdhangira kapitan pan sampun sirna | malah dadi gulali | sira sang dipatya | nuriga dhuwung sapta | sawiji tan ana kari | kang badayuda | dadya banting-binanting ||

27. Surapati sigra sinaut kang jăngga | ilêrira umili | nètèsi sarira | sang adipati sigra | emut yèn patrême taksih | wontên ing êsak | wus ingambil tumuli ||

28. dyan tinarik Pambèbèr ginoco kêna | dhadhanya trus ing gigir | niba kapisanan | komasaris tumingal | yèn Pambèbèr angêmasi | angrês ing nala | ya ta kasaput wêngi ||

29. tuwin wadyabala Sampang kathah pêjah | wong Dulangmangap ênting | sira panêmbahan | sampun mundur lolonan | Adipati Surawèsthi | kang maksih aprang | rame rok silih ukih ||

30. winastanan dènnya aprang gêgorohan | dhatêng ing komasaris | ginarit ing nala | apan tiyang Mandura | akathah longe kang mati | tuwin Wêlănda | akêdhik ikang kari ||

31. nanging balanira Dipati

--- [f. 572r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 37 dari 83

Jangrana | tan ana kang ngêmasi | warnanên dipatya | Kyai Wiranêgara | sampun amundhut turanggi | arsa mundura | ikang wayah wus wêngi ||

32. pun Pakeling wastane ikang turăngga | sigra dipun titihi | Walandi anyênjata |[90] sunapan lan gurnada | mariyêm lan gutuk api | pan sarêng munya | ya ta sang adipati ||

33. duk sêmana kêni ing mimis kancana | walikate kang kering | sang dipati jola | datan pasah kulitnya | ing jro kang karaos sakit | Sang Adipatya | Wiranêgara runtik ||

34. pun Pakeling sigra ingingêr mring ngarsa | arsa ngamuka malih | sagung pra sêntana | sami angrangkul pada | ana kang nyandhak kêndhali | samya karuna | ature ngasih-asih ||

35. para mantri prasamya matur sadaya | sarwi atawan tangis | gusti sang dipatya | sampun magut ayuda | kang wayah pan sampun wêngi | ing benjang enjang | dawêg ajurit malih ||

36. adipatya wêlas miyat para putra | sigra mundur tumuli | ingiring mring bala | ya ta kang kawarnaa | sira tuwan komasaris | lan panêmbahan | lakung ngrêse kang galih ||

37. sampun mundur barise tiyang Mandura | tuwin bala Kumpêni | Panêmbahan Sampang | pan sampun autusan | dhatêng nagri Pranaragi | Pangran Purbaya | pan ingaturan mulih ||

38. panêmbahan sarya ngaturi uninga | lamun kasoran jurit | bala Sampang rusak | Walandi kathah pêjah | mila pangran dèn [dè...]

--- [f. 572v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 38 dari 83

[...n] aturi | mantuk mring praja | bilih tiwas ing jurit ||

39. kawarnaa Jêng Pangeran Purubaya | sampun prapta Gulathik | Jêng Susunan Êmas | abaris wontên Daha | pun Katawêngan Kadhiri | kinèn mapaga | yudane ikang rayi ||

40. sigra budhal Ki Tumênggung Katawêngan | prapta desa Gulathik | wus ayun-ayunan | lawan kanjêng pangeran | pugawa Kartasurèki | sampun prayitna | sampun rumêksa gusti ||

41. barisira pan sampun ayun-ayunan | kasaru duta prapta |[91] saking Kartasura | utusane kang rama | timbalane sri bupati | Ki Sumabrata | kinèn ngipun[92] tumuli ||

42. Jêng Pangeran Purbaya sampun utusan | dhatêng nagri Kadhiri | saha mawi sêrat | punang duta glis mêsat | prapta ing Daha nagari | Ki Sumabrata | apan sampun kapanggih ||

43. punang sêrat anulya wau tinampan | tinupiksa tumuli | ungêling nuwala | hèh uwa Sumabrata | dika ngandikan rama ji | kinèn mantuka | dhatêng Kartasura glis ||

44. kanjêng rama arsa amalês sih dika | milane dadi aji | saking jêngandika | duk wontên Pambêthekan | andika kang ngisin-isin | nulya jêng rama | anêngkung mring Yyang Widi ||

45. mangke sampun tinêkan dening Yyang Sukma | tulus jumênêng aji | anèng Kartasura | Ki Patih Sumabrata [Suma...]

--- [f. 573r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 39 dari 83

[...brata] | miyarsa ungêling tulis | mijil kang waspa | saking sihe nrêpati ||

46. sigra dangdan lan saputra garwanira | nulya migat ing latri | tan kawarnèng marga | wus prapta pabarisan | lan pangeran wus panggih |[93] Ki Sumabrata | kinèn lajêng sira glis ||

47. mantuk dhatêng nêgari ing Kartasura | wus binêktanan mantri | pan kinèn rumêksa | dhatêng Ki Sumabrata | prapta ing Kartasurèki | katur mring nata | ngandikan dhatêng ngarsi ||

48. Ki Apatih Cakrajaya ingandikan | sampun prapta ing ngarsi | ngandika sang nata | hèh Patih Cakrajaya | ing makya parentah mami | Si Sumabrata | tugala lan sirèki ||

49. sun paringi lêligih desa sanambang | ki patih awotsari | tan lêngganèng karsa | sigra Ki Sumabrata | binêkta mêdal tumuli | prapta ing jaba | sampun binêkta mulih ||

50. kawarnaa Pangran Dipati Purbaya | campuh gènira jurit | lan bala ing Daha | Tumênggung Katawêngan | ikang dadi senapati | rame dènnya prang | anèng desa Gulathik ||

51. sakathahe pugawa ing Kartasura | myang bupati pasisir | kalakung sudira | wadyabala ing Daha | anulya ingidêk wani | gêmpang suh sirna | wong Kadhiri kyèh mati ||

52. Ki Tumênggung Katawêngan pan lumayya | prapta nagri Kadhiri | matur mring sang nata | lamun kawon ayuda [a...]

--- [f. 573v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 40 dari 83

[...yuda] | balanira kathah mati | Susunan Êmas | lakung gugup tyasnèki ||

53. sri narendra wus lumayu ngidul ngetan | sawadyanya angiring | Pangeran Purbaya | prapta kilèn bêngawan | arsa ngêbroki Kadhiri | sawadyanira | kasaru duta prapti ||

54. saking Sampang wus cundhuk lan jêng pangeran | sigra matur wotsari | kawula dinuta | dhatêng rama panduka | Panêmbahan Mandurèki | atur uninga | yèn make sor kang jurit ||

55. wadyèng Dulangmangap pan tumpês sadaya | tuwin bala Kumpêni | tan măngga puliha | gêmpang tumpês suh sirna | ingamuk mring Surapati | [...] |[94] tan mundur dèn bendrongi ||

56. jêng panduka ngaturan mantuk mring praja | bilih tiwas ing jurit | sigra Jêng Pangeran | Purubaya wus budhal | sawadyanira umiring | glis praptèng praja | panggih lawan sang aji ||

57. ênêngêna sira Pangeran Purbaya | kang sowan mring nrêpati | gêntya pinurcita | sira sang Adipatya | Wiranêgara winarni | lami ayuda | wus kawan dasa latri ||

58. saundure kêni ing mimis kancana | anênggih lajêng sakit | pan gêrah konduran | wêtara pitung dina | para putra dèn timbali | tuwin sêntana | sampun pêpêk ing ngarsi ||

59. Sang Dipatya Wiranêgara ngandika | sakèhe sanak mami | ing mangke wruhanta | pasthi karsèng Yyang Sukma | yèn [yè...]

--- [f. 574r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 41 dari 83

[...n] wus puput jênêng mami | wêwêkas iwang | dèn bêcik sira kari ||

60. lawan sira putra-putra ngong sadaya | padha sun upatani | ayya manggih arja | yèn sira abêcika | kalawan bala Kumpêni | saturun iwang | aja manggih basuki ||

61. lawan malih ing mangke wêwêkas iwang | lamun isun ngêmasi | kunarpa manira | pêndhêmên dèn arata | aja sira wèhi kijing | tuwin maesan | dêdimone si kapir ||

62. nora wêruh marang ing kunarpaniwang | risampunnya wêwêling | Surapati seda | sagung kang para putra | muwah ikang para rabi | sami karuna | sêsambate mlasasih ||

63. layonira Dipati Wiranêgara | glis pinêtak tumuli | rinadin kewala | datan mawi maesan | tinut sawêwêlingnèki | para sêntana | sami lara anangis ||

64. sasedane Dipati Wiranêgara | sira Radèn Surahim | nênggih kang gumantya | putra sêpuh priyoga | sampun jumênêng Dipati | Wiranêgara | wontên dene kang rayi ||

65. akêkasih sira Radyan Surapatya | ikang anèm namèki | ran Suradilaga | sami gagah prakosa | nanging sira sang dipati | rusuh ambêknya | anjamah para bibi ||

66. milanipun tan sêkti kadya kang rama | nahan sang adipati | ikang kawarnaa | praja ing Kartasura | mantuk kados wingi uni | gêmah raharja | eca manah wadya lit ||

67. sri narendra

--- [f. 574v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 42 dari 83

lakung adil palamarta | ikang dana umili | ngapurèng wong dosan | asih ing wadyabala | miwah dhatêng pêkir maskin | sri naradipa | tan pêgat apêparing ||

68. milanipun wadyabala Kartasura | agêng alit samya sih | jrih bêkti mring nata | ya ta agênti warsa | pêparentah mring bupati | dhatêng pugawa | myang dipati pasisir ||

69. kinèn sami angalurug mring Sêdhahan | komasaris wus prapti | angirid Wêlănda | sagung para pugawa | pasisir wus pêpak sami | nèng Kartasura | samya dadan ing jurit ||

70. wadya Kêdhu Bagêlèn ikang minăngka | rêrêmbating Kumpêni | bala ing Jêpara | ikang anăngga pangan | wadya Sampang Surawèsthi | dadya pêpêrang | Pangeran Purbayèki ||

71. kang minăngka senapatining ayuda | ngirid bala pasisir | myang wong Kartasura | sadaya samya milya | sigra umangkat tumuli | miyos têngahan | lampahe dadi siji ||

72. sampun lajêng sira Pangeran Purbaya | datan kawarnèng margi | prapta Kartasana | Panêmbahan Mandura | lan Dipati Surawèsthi | ing Wirasaba | anênggih kang dèn jogi ||

73. kawarnaa sira Jêng Susunan Êmas | sampun miyarsa warti | yèn wong Surabaya | baris nèng Wirasaba | tuwin Pangran Purbayèki | nèng Kartasana | lawan bala Kumpêni ||

74. sunan kendhang manahira kagegeran | sigra budhal tumuli [tumu...]

--- [f. 575r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 43 dari 83

[...li] | ngili ngidul ngetan | wadyanya kuthetheran | ing Dhungul ikang dèn jogi | wong Kartasura | sampun nabrang bênawi ||

75. myang Kumpêni datan pisah lampahira | Daha kapanggih sêpi | Pangeran Purbaya | lajêng mring Wirasaba | panêmbahan wus kapanggih | têmpur barisnya | miwah wong Surawèsthi ||

76. pan sadalu sipêng nagri Wirasaba | datan kawarnèng latri | enjing sigra budhal | ikang dados pangarsa | bala Sampang Surawèsthi | Pangran Purbaya | ikang lumampah wuri ||

77. tan kawarna marga prapta Ngardi Carat | masanggrahan tumuli | alami nèng ngrika | Dipati Janapura | gêrah sangêt nulya pamit | mantuk mring praja | prapta Jêpara mati ||

78. kawarnaa para putra Pasêdhahan | Rahadyan Surapati | lan Suradilaga | sohan dhatêng sang nata | marang ing Dhungul sira glis | ambêkta bala | sanambang winatawis ||

79. prapta Dhungul cundhuk lan sri naranata | Rahadyan Surapati | lan Suradilaga | matur saha wotsêkar | patikbra anuhun idi | arsa maguta | mêngsah kang lagya prapti ||

80. sadayane kandhêga ing lampahira | sang nata ngandika ris | iya bênêr sira | payo age mangkata | kang putra sigra tinuding | kalih ki arya | senapatining jurit ||

81. Pangran Makunêgara[95] myang Makuningrat[96] | tuwin [tu...]

--- [f. 575v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 44 dari 83

[...win] kang para mantri | mantri Kartasura | sami ngêbut sadaya | sawiji tan ana kari | nulya umangkat | ing Ngantang dèn margèni ||

82. mudhun ngalor agêrgut lampahing bala | ya ta ikang kawarni | Pangeran Purbaya | wus budhal saking Carat | lan wong Sampang Surawèsthi | sarêng umangkat | tuwin bala Kumpêni ||

83. lagya eca wau gènira lumampah | wong Pasuruhan prapti | tandange lir yaksa | narajang saking wutat | wong Kartasura tan gisir | para niyaka | sami matur mring gusti ||

84. lamun mêngsah andhatêngi saking wutat | Pangeran Adipati | Purbaya ngandika | saking luhur dipăngga | pagutên sami lumaris | musuh kang prapta | samya dèn ngati-ati ||

85. ayya kongsi owah mangke tatanira | aja pêdhot lumaris | sagung pra niyaka | anulya mundur sira | kang wuri maksih ajurit | wong Pasuruhan | akèh longe kang mati ||

86. Jêng Pangeran Purbaya eca lumampah | Rahadyan Surapati | myang Suradilaga | anulya mundur sira | angraos datan ngudhili | dènira yuda | wadyanira kèh mati ||

87. nulya wangsul dhatêng nagri Pasêdhahan | kawarnaa sang aji | sira sunan kendhang | têdhak mring Pasuruhan | anunggal lan Adipati | Wiranêgara | karsa ngawaki jurit ||

--- [f. 576r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 45 dari 83

88. sri narendra sampun praptèng Pasêdhahan | watawis tigang latri | Pangeran Purbaya | anulya wau prapta | miwah kang bala Kumpêni | lan wong Mandura | saking kidul dhatêngi ||

89. anut marganipun Radèn Surapatya | wadya Bali tan uning | lamun tinututan | dhatêng têtiyang Sampang | dening tan lakung bêbiting | wong Pasuruhan | kagyat dènnya ningali ||

90. lamun tiyang Surabaya lan wong Sampang | prapta lan wong Kumpêni | sami kagegeran | sigra wau adangdan | miwah sira Adipati | Wiranêgara | karsa mapag ing jurit ||

91. sang dipati wus budhal sawadyanira | prapta ing Sidagiri | Kumpêni tumingal | lamun mêngsahe prapta | sigra tinata kang baris | bala Mandura | lan wadya Surawèsthi ||

92. kang minăngka pangawat kering lan kanan | dene tiyang Kumpêni | ikang dados dhadha | mariyême tinata | sêdyanira Surapati | mêngsah ing rana | angamuk galong pipis ||

93. miwah sira Dipati Wiranêgara | anrêgakên ing dasih | myang Suradilaga | bala Kumpêni sira | barêng sami abêdhili | mriyêm gurnada | sunapan sarêng muni ||

94. wadyabala Pasuruhan kathah pêjah | binendrong dening bêdhil | tuwin nandhang brana | Panêmbahan Mandura | anungkêbi saking kering | wong Surabaya | saking kanan nungkêbi ||

95. wadyabala Pasuruhan wus lumajar | pan kêkathahên tandhing | sagung para putra | lumayu dhatêng Malang |

--- [f. 576v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 46 dari 83

angumpul dadya sawiji | myang Susunan Mas | tan pisah lan dipati ||

96. wong têtiga ngrasa wani bêdhahira |[97] Pasuruhan nêgari | sampun manjing kitha | wong Sampang Surabaya | lawan tuwan komasaris | amangsanggrahan[98] | lan sagung pra dipati ||

97. kacarita alami nèng Pasêdhahan | wong alit kathah prapti | komasaris sigra | akèn angularana | mring layone Surapati | dhatêng sêntana | nanging datan kapanggih ||

98. kaku tyase komasaris nulya undhang | marang sagung wong bumi | sapa anuduhna | kubure Surapatya | sun wèhi reyal sabiting | wong Pasuruhan | sami lali ing gusti ||

99. punang reyal sabiting nulya tinampan | dhatêng têtiyang bumi | komasaris sigra | tinuduhakên pêrnah | kubure Dyan Surapati | apan rinata | nênggih datan katawis ||

100. wus dhinudhuk layone sang adipatya | apan sampun kapanggih | gandanya angambar | kadya sêkar sataman | maksih wutuh ikang jisim | kadi duk gêsang | gawok sagung Kumpêni ||

101. dyan binêkta mantuk dhatêng pasanggrahan | dèn ligihakên kursi | nulya kinurmatan | mriyêm lawan sunapan | gumuruh pan sarêng muni | sagung kapitan | lutnan myang komasaris ||

102. nyandhak tanganing layon atêtabean | sadaya sami angling | hèh Sang Surapatya | tuhu prajurit mulya | pan sira lanang pribadi | pinasthi sira | dadi satru Kumpêni ||

103. wus ingabong [ing...]

--- [f. 577r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 47 dari 83

[...abong] layone sang adipatya | gêni data nêdhasi | jisim maksih wêtah | komasaris bramatya | kang layon cinandhak aglis | nulya siniram | sagunging arak api ||

104. sasampune siniram sigra ingobar | lakung agêng kang api | jisimnya dipatya | gêsêng dening dahana | wus dadi awu dèn ambil | sagung Wêlănda | ngalap awuning jisim ||

105. komasaris kalakung tustha tyasira | myang sagunging Kumpêni | nulya kon akarya | loji Gêmbong wus dadya | sigra jinagan Wêlandi | mariyêmira | pinrênah Baluwarti ||

106. komasaris sampun numpak ing baita | mantuk dhatêng Sêmawis | Pangeran Purbaya | kondur miyos ing dharat | bala Kumpêni sapalih | Pangeran Sampang | sapalih mring Sêmawis ||

107. pra pugawa saparo ikang binêkta | saduman maksih baris | wontên Pasêdhahan | panêmbahan ing Sampang | wus budhal sawadyanèki | mantuk ing praja | datan kawarnèng margi ||

108. panêmbahan lampahnya glis praptèng Kamal | pradesan Mandurèki | nênggih nyandhak gêrah | cinatur lajêng seda[99] | para putra anungkêmi | layoning rama | pan sampun dèn sirami ||

109. wusnya sukci binêkta mantuk mring Sampang | ya ta ikang kawarni | Pangeran Purbaya | wus prapta Kartasura | lajêng tumamèng jro puri | kalakung tustha | manahira sang aji ||

--- [f. 577v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 48 dari 83

110. ikang rayi wau kinon gumantia | Pangeran Balitar nênggih |[100] ing mangkya wus budhal | anglurug dhatêng Malang | sawadyanira lumiring | saha turăngga | gêgamannya tulya sri ||

111. prapti gandhèk Ngabèi Wirasantika | wau kinèn umiring | mring Pangran Balitar | datan kawarnèng marga | nagri Pasêdhahan prapti | wus panggih lawan | sagung para bupati ||

112. Adipati Balitar lajêng umangsah | dhatêng Malang nêgari | myang sagung pugawa | ya ta ikang kawarna | Wiranêgara Dipati | lan arinira | sampun miyarsa warti ||

113. lamun mêngsahira ing mangke wus prapta | sigra dangdan tumuli | myang pêpatihira | Ngabèi Lor siyaga | Ngabèi Kidul tan kari | sigra umangkat | ananggulang ing jurit ||

114. sampun cundhuk lawan bala Kartasura | apanggih sami wani | wadyèng Pasêdhahan | atangkêp prit anêba | dènnya ngamuk galong pipis | wong Kartasura | panggah datan gumisir ||

115. ramening prang kalihe sami sudira | samya rok silih ukih | bala Pasêdhahan | binendrong ing sanjata | kathah longira kang mati | wanèh kabranan | bau manguwir-uwir ||

116. Ngabèi Lor Ngabèi Kidul bramatya | sigra mangsah mring ngapti | lan Bun Jaladriya | myang Bun Jalapinatya | pun Jalalota tan kari | ngamuk manêngah | Dêmang Gêmpung tan têbih ||

117. Arya Jayaningrat mangsah ngadilaga | layan Răngga Jaladri | Lêmbu Gadrug sira | Lêmbu Giyêng nèng ngarsa | Lêmbu Wanasrêngti[101] tuwin | mangarinira [mangarini...]

--- [f. 578r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 49 dari 83

[...ra] |[102] Ki Lêmbu Potha-pathi ||

118. mantri kalih wêlas tandange lir singa | kang tinarajang gusis | anumbak anigas | rusak wong Kartasura | akathah longe kang mati | sisaning pêjah | sami arêbut urip ||

119. Jêng Pangeran Balitar asru ngandika | hèh sagung para mantri | sami ngawakana | yya ngandêlakên bala | kang kinèn sigra tur bêkti | parêng umangsah | tan ana ngucap ajrih ||

120. para mantri Kartasura tandangira | lir buta asal daging | mantri Pasêdhahan | nênggih karoban lawan | Ngabèi Lor wus ngêmasi | Wirasantika | wau ikang mêjahi ||

121. Angabèi Kidul pan sampun palastra | pun Jaladriya mati | pun Jalawinatya | murdanira kairas | pun Jalalodra ngamuki | sampun palastra | murdanira kacaking ||

122. Lêmbu Wanasrênggi Dêmang Gêmpung pêjah | Lêmbu Gadrug ngêmasi | Lêmbu Giyêng lena | pugawa Kartasura | yèn tinon kadya rêsaksi | măngsa syanira |[103] jajanya kuthah gêtih ||

123. sirna gêmpang wadyabala Pasuruhan | sapêjahe ki patih | tan buh dèn adua | prajurite wus sirna | sira Radyan Surapati | arsa ngamuka | sang dipati ngalangi ||

124. para putra Pasêdhahan wus lumayya | angusi ing wanadri | miwah Susunan Mas | manahira kagegeran |[104] sigra migah dhatêng wukir | sawadyanira | ing Dhungul kang dèn usi ||

125. praptèng Dhungul kang abdi kêna wêwalêk |[105] akathah kang ngêmasi | ya ta sunan kendhang | têdhak dhatêng Balitar | sakèhe mantri kang sakit | sampun waluya [wa...]

--- [f. 578v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 50 dari 83

[...luya] | rêrêm manah wong alit ||

126. sabêdhahe nêgari ing Pasêdhahan | tanbuh ikang dèn usi | sira Susunan Mas | tansah apirêmbagan | kalawan kang para mantri | kadya brêmara | angêsêp[106] madu gêndhis ||

147. Dhandhanggula

[Gurnadur jéndral nyuwun pejahipun adipati Jangrana saking Surabaya. Arya Jayapuspita anggentosi jumeneng adipati ing Surabaya. Sunan Pakubuwana malakramèkaken wayahipun ingkang nami radèn ajeng Wulan pikantuk radèn mas Damar. Arya Jayapuspita ngadegaken baris badhé ngraman dhateng Kartasura.[107]]

1. lakung sungkawa sri narapati | Susunan Mas sigra aputusan | dhatêng kumêndur sira ge | mantri kalih ingutus | apan sampun binêktan tulis | punang duta glis mêsat | tan kawarnèng ênu | lampahira aglis prapta | Surapriga wus panggih lawan Kumpêni | sang duta atur surat ||

2. sigra tinampèn kang punang tulis | tinupiksa ungêling nuwala | lamun arsa nungkul mangke | sarta aminta sampun | dhatêng wau para Kumpêni | kumêndur suka ing tyas | alon dènnya muwus | hèh duta sira matura | yèn sang nata têmên arsa abêdhami | kalawan jênêng iwang ||

3. gustinira mangke sun aturi | têdhak marang nagri Surapriga | benjang yèn wus prapta kene | apa sakarsanipun | sayêktine isun jurungi | yèn arsa madêg nata | amêngku kaprabun | anèng nagri Kartasura | punang duta nulya sami pinusalin | kulambi sabuk wastra ||

4. kang dinuta wus tinundhung mulih | duta mêsat praptèng abyantara | sigra matur mring gustine | lakung suka sang prabu | amiyarsa turing Kumpêni | sang nata sigra dangdan | lan sawadyanipun | warnanên Pangran Balitar | wus utusan dhatêng sunan kendhang aglis | amundhut bêbêrkatan ||

5. waos Ki Barubajo Ki

--- [f. 579r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 51 dari 83

Gundhil | miwah dhuwung Kiyai Balabar | kang kinon umêsat age | akêbat lampahipun | sampun praptèng ngarsa nrêpati | punang duta turira | kawula ingutus | dhumatêng rayi panduka | igih Kanjêng Pangeran Balitar nênggih | ngaturakên kang sêmbah ||

6. lawan malih kawula tinuding | amundhut sagung ikang pusaka | rama panduka kang akèn | amundhut Kyai Baru | myang rasukan Kyiai[108] Gundhil | Susunan Mas lingira | sugas[109] sêmu bêndu | hèh warahên Si Sudama | yèn dhèwèke kinongkon ing paman aji | mundhut kang bêrbêrkatan[110] ||

7. besuk yèn isun praptèng nêgari | Surapriga waos dhuwung iwang | miwah Kiyai Bicake | sun srahakên gustimu | isun iki dipun aturi | tindak mring Surabaya | lawan wadyanisun | Kumpêni ikang angundang | apanggihan lan isun ing Surawèsthi | punang duta glis mêsat ||

8. saantuke caraka sang aji | nulya budhal dhatêng Surapriga | Kumpêni amêthuk age | kapanggih anèng ênung[111] | sunan kendhang glis dèn aturi | umantuka mring praja | lajêng lampahipun | sarêng prapta Surabaya | masanggrahan anèng wismane dipati | Jangrana sawadyanya ||

9. Kumpêni urmatira nglakungi | tuwin Sang Adipati Jangrana | lakung pangupasubane | pasêgahira pênuh | pan wêradin dhatêng pakathik | sagung para niyaka | eca manahipun | Adipati Surapriga | mugèng ngarsa abukuh dènnya aligih | myang Kumpêni sadaya ||

10. tuwan kumêndur

--- [f. 579v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 52 dari 83

umatur aris | yèn suwawi gusti sri narendra | lêhêng tumanduka mangke | mring Sêmarang pukulun | apanggiha lan komasaris | benjang yèn sampun prapta | Sêmarang sang prabu | lajênga mring Kartasura | pan panduka jinujung dening Kumpêni | amêngku ing ngrat Jawa ||

11. kalakung tustha sri narapati | amiyarsa Kumpêni turira | tuwin sagung pugawane | tan wruh yèn kênèng apus | sigra watên kang duta prapti | saking Pangran Balitar | anênggih ingutus | punika ikang sêmayan | sunan kendhang asugal dènira angling | warahên Si Sudama ||

12. alah dijujul mring Surawèsthi | besuk yèn ngong praptèng Kartasura | dhuwung sun wèhakên dhewe | punang duta glis wangsul | sampun prapta ngarsaning gusti | katur kang pangandika | sunan kendhang wau | Pangran Balitar lingira | yèn wêruha wong tuwa cidra ing jangji | isun kasap kewala ||

13. mila tan tulus madêg narpati | Si Kêcèd[112] patine tan raharja | nora tulusa ujare | gênti ikang winuwus | Susunan Mas binêkta aglis | migah dhumatêng kapal | kang wadya kèh tumut | myang wau samêktanira | tuwin sagung pusaka binêkta sami | migah dhatêng kang palya ||

14. Sinuhun Pakubuwana nênggih | wus utusan dhatêng Surapriga | mundhut Ki Wiragunane | lan Mandurarêjèku | Arya Tiron [Tiro...]

--- [f. 580r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 53 dari 83

[...n] pinundhut mangkin | myang Arya Pulangjiwa | Mangunnêgarèku | kumêndur tan alênggana | Susunan Mas wus mancal sawadyanèki | binêkta mring Jakarta ||

15. kêkalih mantri angrasa wani | ênêngêna ikang sampun mancal | ya ta kawarnaa mangke | kang mêntas mênang pupuh | nagri Malang wus dèn abongi | dhatêng Pangran Balitar | myang sawadyanipun | Dipati Wiranêgara | lan arine angusi dhatêng wanadri | wong cili binoyongan ||

16. nagri bang wetan pan sampun radin | arine Dipati Pasêdhahan | pawèstri kabayong mangke | myang pugawa Paceku | kang pinundhut mring sri bupati | Kiyai Wiraguna | lan sakancanipun | kasrah mring Pangran Balitar | Arya Pulangjiwa pan migat ing latri | umpêtan dhatêng wana ||

17. Rahadèn Pulangjiwa anênggih | kala jênênge Susunan Êmas | Pangran Balitar namane | sarêng kendhang sang prabu | têluk marang Kartasura glis | pinundhut namanira | karsane sang prabu | sampun anyami kang putra | winastanan Arya Pulangjiwa nênggih | mila sakit kang driya ||

18. nulya migat nusul mring Kadhiri | mangkya pinundhut dening sang nata | Ki Arya sangêt ajrihe | ing mangke sampun katur | yèn Ki Arya migat ing latri | Jêng Pangeran Balitar | sangêt dukanipun | Ki Tumênggung Suralaya | ing Barêbês wau kang kinèn ngulati | anasak wanawasa ||

19. Arya Pulangjiwa wus kapanggih | nèng madyaning wana Pasêdhahan | nulya pinêjahan age | murda pinacok sampun | Ki Tumênggung Suralayèki | mantuk sawadyanira [sawadya...]

--- [f. 580v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 54 dari 83

[...nira] | praptèng ngarsa matur | dhatêng Pangeran Balitar | yèn Ki Arya Pulangjiwa wus ngêmasi | pangran tusthèng wardaya ||

20. Jêng Pangeran Balitar lingnya ris | Kadhuruan[113] Wilatikta sira | mantuka marang prajane | lah iki layang isun | aturêna kanjêng rama ji | lan sagung bêboyongan | pawèstri yu-ayu | kang saking nêgari Malang | aturêna maring kanjêng sri bupati | Kadhuruan tur sêmbah ||

21. lawan malih Si Wiragunèki | Arya Tiron myang Mangunnêgara | tuwin Mandurarêjane | kapat bêktanên mantuk | poma sira dèn ngati-ati | rumêksa anèng marga | kang kinon wotsantun | Kadhuruan Wilatikta | sigra mintar datan kawarna ing margi | wus prapta Kartasura ||

22. wus cundhuk lawan Ki Cakrajayèki |[114] Kandhuruan wus binêkta seba | katur mring nata praptane | pan tinimbalan gupuh | tumamèng byantara nrêpati | manêmbah mring suku sang | mangusap ing lêbu | sang nata alon lingira | Kandhuruan ingutus apa sirèki | marang ing gustinira ||

23. kang tinanya matur awotsari | patik aji kawula dinuta | dhatêng putra nata mangke | dahat anuwun bêndu | kamipurun ngaturkên tulis | mèsêm sri naranata | kang sêrat pinundhut | nulya wau tinupiksa | mring sang nata yèn bêbukane kang tulis | kawula tur uninga ||

24. dhatêng panduka sri narapati | patik aji mangkya lanang yuda | angsal bêrkat nata mangke | nêgari Mambêng gêmpur | pun Ngabèi Êlor ngêmasi | Ngabèi [Ngabè...]

--- [f. 581r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 55 dari 83

[...i] Kidul pêjah | kasambut ing pupuh | dene ikang amrajaya | abdi dalêm pun Jayasantika nênggih | lakung sudirèng rana ||

25. dening putrane Ki Surapati | pun Surahim malajêng mring wana | lan pun Lêmbu Lêmborane | prajurite kèh lampus | rabinipun kathah kang kari | katawan ing kawula | katura sang prabu | kabêkta pun Wilatikta | lawan malih pun Wiraguna anênggih | kalih Mandurarêja ||

26. katura dhatêng sri narapati | Arya Tinon myang Mangunnêgara | nanging pun Pulangjiwane | migat kalaning dalu | pan kacandhak watên wanadri | mangkya sampun pralena | tigas murdanipun | dening nagari bang wetan | sawarnine pukulun pan sampun radin | sami nungkul sadaya ||

27. nanging pusaka ing tanah Jawi | binêkta dhatêng ing Batawiyah | kawula têdha tan pawèh | lakung ngungun sang prabu | sapandurat tan kêna angling | wêkasan angandika | mring Cakrajayèku | hèh patih pangrasaniwang | nadyan kabèh pusaka ing tanah Jawi | ginawa mring Jakarta ||

28. ikang rupa miwah tumbak kêris | apan nora dadya galih iwang | nanging sok maksiha mangke | sêntana Ngadilangu | lawan masjid Dêmak apatih | hèh iya wruhanira | kalih prakarèku | pusaka ing tanah Jawa | ikang agêr datan ana malih-malih | ki patih awotsêkar ||

29. sri narendra angandika aris | Cakrajaya sira utusana | marang ing Malang dèn age | nimbali putranisun [putra...]

--- [f. 581v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 56 dari 83

[...nisun] | tuwin sagung para bupati | kabèh padha muliha | parênga sutèngsun | ki apatih awotsêmbah | sampun mêdal wau saking jroning puri | wus prapta wijil pisan ||

30. wadya gandhèk pan sampun tinuding | animbali Pangeran Balitar | lumaksana ing lampahe | datan kawarnèng ênu | pabarisan duta glis prapti | panggih kajêng pangeran | tinimbalan sampun | sira Pangeran Balitar | sampun budhal lawan sagung pra dipati | ing benjing karsa bubar ||

31. tan kawarna latri sampun enjing | sigra bubar Pangeran Balitar | kang wadya umyang syarane | pra putra Mandurèku | agêng alit samya umiring | mring Pangeran Balitar | kang rama wus lampus | datan kawarna ing marga | lampahira nagri Kartasura prapti | katur ing sri nalendra ||

32. ikang putra aglis dèn timbali | tuwin sagung kang para pugawa | angandikan mring purane | wus prapta jro kadhatun | tumamèng byantara nrêpati | manêmbah ing suku sang | mangusap ing lêbu | sang nata alon ngandika | anak isun ki dipati dening lami | gènnya andon ayuda ||

33. rajaputra matur awotsari | milanipun alami patikbra | kang manah lakung ruwêde | gumujêng sang aprabu | ikang putra kinusya sarwi | rinakul jangganira | ingaras kang êmbun | isun kaki nora nyana | lamun sira widigdya ya ulah jurit | pangeran awotsêkar ||

--- [f. 582r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 57 dari 83

34. rajaputra sampun kinèn mijil | tuwin sagung kang para pugawa | sami mantuk mring wismane | samya suka ing kalbu | nagri dalêm pan sampun radin | datan ana malanga | marang jêng sang prabu | ing latri datan kawarna | dina Soma sang nata miyos tinangkil | pêpak kang para putra ||

35. Ki Apatih Cakrajaya nangkil | tuwin Tumênggung Kartanêgara | miwah Ki Wiracanane | pêpêk răngga lan dêmung | pêcaktăndha lan ăndhamoi | ngabèi sinang arya[115] | sak jêjêl supênuh | pugawa măncanêgara | myang pasisir kang saking anglurug uni | sampun sami sewaka ||

36. jêjêl andhèr ing ngarsa nrêpati | sri narendra lênggah ing dhêdhampar | pra mantri bukuh luguhe | angandika sang prabu | hèh Kya Patih Cakrajayèki | sira piyarsakêna | ing timbalan isun | ing mangkya Si Citrasoma | isun jujung ligihe saking pratiwi | ngong sêngkakkên ngawiyat ||

37. sun arani ya Si Adipati | Citrasoma pan iya sun ganjar | nagri ing Japara mangke | lan Wirasantikèku | apan isun karya bupati | ngong ganjar nagri Jipang | arana Tumênggung | Surawijaya ing Jipang | lan sun karya wêdana măncanêgari | lawan Si Jayaningrat ||

38. makya isun arani Dipati | Jayaningrat pan iya sun ganjar | nêgari Pakalongane | myang Pusparuditèku | isun ganjar Batang nêgari | lan sun paringi aran | jênênga tumênggung | Tumênggung Puspanêgara | lan Si Wirasêmita sun ganjar nênggih | nagari Wirasaba ||

39. Pangran Balitar

--- [f. 582v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 58 dari 83

matur wotsari | pukulun patikbra nuwun duka | pun paman Cakraningrate | nênggih atilar sunu | kaatura dhatêng sang aji | wasta Sasranêgara | dening putunipun | kêkalih pan sami priya | patut saking rabi têtariman uni | katura sri narendra ||

40. sang nata mèsêm ngandika aris | hèh kya patih nêgara ing Sampang | sira pratigaa mangke | kang saduman puniku | putu karo kang sun paringi | aran Suryawinata | Sasrawinatèku | dene ikang kanglih duman | anak isun Sasranêgara gumanti | jumênênga ing Sampang ||

41. lawan isun paringi kêkasih | sun arani Pangran Cakraningrat | lan Si Wiraguna mangke | myang Mandurarêjèku | karo iku ana ing mami | Kyai Mangunnêgara | Arya Tiron iku | sami ingalihkên aran | Arya Tiron Ki Sêtcayuda namèki | Kyai Mangunnêgara ||

42. aran Ki Martadipa ing makin | sinungakên pangeran dipatya | Ki Wiraguna ing mangke | sinalinan jêjuluk | aran Diramênggala nênggih | Ki Wabru ing Santênan | pinaringkên sampun | dhatêng Pangeran Purbaya | sira Panji Tohpati sinungkên aglis | mring Pangeran Balitar ||

43. sampun jêngkar gènira tinangkil | sri narendra kondur angadhatyan | pra pugawa bubar kabèh | ênêngêna sang prabu | komasaris ikang winarni | saundurira yuda | Pasêdhahan wau | lajêng dhatêng Batawiyah | abicara sagunge para Kumpêni | Diya myang tuwan jendral ||

44. lamun dipati ing Surawèsthi [Surawè...]

--- [f. 583r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 59 dari 83

[...sthi] | kalanira pêrang Pasêdhahan | ingaranan mirong tyase | Rat Pêni sampun rêmbug | jendral arsa ngaturi tulis | dhatêng sri naranata | nuhun pêjahipun | Sang Adipati Jangrana | yèn sang nata wau datan anglilani | sagung Rat Pêni Diya ||

45. sêdya sami mutunga ing benjing | duta Kumpêni sigra umêsat | datan kawarna lampahe | Kartasura wus rawuh | lan kapitan sampun kapanggih | nulya suka uninga | mring ki patih wau | Ki Cakrajaya sêmaya | benjing enjing asowan marang sang aji | ing mangke sampun siyang ||

46. ya ta wau kawarnaa enjing | Ki Apatih Cakrajaya seba | mampir ing loji lampahe | kapitan sigra tumut | sohan dhatêng sri narapati | sêrat agêng binakta | wus praptèng kadhatun | katur dhatêng sri narendra | tinupiksa bêbukane punang tulis | saking durnandur[116] jendral ||

47. nuhun pêjahe Sang Adipati | Surabaya maleca palagan | sarta kathah-kathah ture | kapita tyas sang prabu | amiyarsa ungêling tulis | duka sajroning driya | jaja sumung-sumung | sêmu bang awinga-winga | sotya adik[117] sinamur-samur tyas aji | alon wijiling sabda ||

48. hèh ta Patih Cakrajaya aglis | kapitan sira gawaa mêdal | ayya kuwatir manahe | ki apatih wot santun | sigra mêdal wus praptèng jawi | miwah sira kapitan | sampun [sampu...]

--- [f. 583v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 60 dari 83

[...n] kering mêtu | ya ta wau kawarnaa | sri narendra siniwi nèng kênyapuri | karsa apirêmbagan ||

49. wus adalu wayahe kang wêngi | Kyai Cakrajaya tinimbalan | miwah Ki Citrasomane | myang Kya Wiracanèku | katri mugèng ngarsa nrêpati | angandika sang nata | hèh Cakrajayèku | kayaparan karsanira | lakung awrat prakara kang muni tulis | panjaluke Wêlănda ||

50. jaluk patine Si Adipati | Surabaya pan ta Si Jangrana | pikukuhing praja mangke | prasasat ananisun | iku baunisun kang kering | kang têngên ing Mandura | mêngko uwis lampus | dadya kari bau kiwa | yèn salamêt tan pati cotho ing kardi | maksih ana ginarap ||

51. yèn tulusa jinaluk Kumpêni | Si Jangrana apan nora cêla | panjênênganisun make | ki patih awotsantun | datan sagêd matura gusti | myang Kyai Citrasoma | Ki Wiracanèku | katri sumukêm pratala | datan sagêd mangsuli pangandika ji | angling sri naranata ||

52. hèh Cakrajaya sira Dipati | Surabaya muguhing Wêlănda | iku ya kêdhik dosane | tuwin mring jênêng isun | nora nana dosaning rèki | yèn mêngkono ta sira | utusana gupuh | marang ki besan Sêmarang | lah pundhutên rêmbuge ikang abêcik | êndi patut linangkyan ||

53. tuwin sêrat kang saking Batawi | asulana warahên si jendral | aja kuwatir manahe |

--- [f. 584r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 61 dari 83

jaluk ing pêjahipun | si dipati lagi sun pikir | karana Si Jangrana | anèng wismanipun | yèn kinasapa kewala | nora wande akarya rusak wong cilik | lan warahên si jendral ||

54. lamun agêng nagri Surabanggi | Sang Jangrana wong bandhu sêntana | apan akèh prajurite | lah mêtua dèn gupuh | layang ikang marang Sêmawis | dèn egal lampahêna | ki patih wotsantun | katri pugawa glis mêdal | saking pura sapraptanira ing jawi | Ki Patih Cakrajaya ||

55. nulya panggih lan duta Kumpêni | sêrat dalêm sinungakên sigra | kang duta wus mangkat age | Ki Cakrajaya gupuh | pan utusan dhatêng Sêmawis | lumampah dhêdhêmitan | datan ana kang wruh | tuwin dhatêng Surabaya | Ki Apatih Cakrajaya kintun tulis | mring Dipati Jangrana ||

56. sampun sami mangkat kang tinuding | tuwin dutaning Kumpêni prapta | nêgara Sêmarang mangke | kang sêrat angsul-angsul | sinungakên ing komasaris | pan sampun tinupiksa | sêrat ungêlipun | komasaris lakung suka | amiyarsa ijoane punang tulis | linajêngakên sigra ||

57. sêrat dalêm dhatêng ing Batawi | kawarnaa dutaning narendra | kang maring Sêmarang make | apan sampun atêmu | lawan Adipati Sêmawis | sêratira narendra | sinungakên sampun | aglis wau tinupiksa | kagyat ngungun sira Dipati Sêmawis | sarwi angusap jaja ||

--- [f. 584v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 62 dari 83

58. sang dipati sigra anênulis | sinungakên prayayi utusan | sang duta wus mêngsat[118] age | tan kawarna ing ênu | duta nata pan sampun prapti | manêmbah ing suku sang | mangusap ing lêbu | sêrat kang saking Sêmarang | sampun katur tinupiksa mring sang aji | dyan bêbukaning sêrat ||

59. prakawis panduka sri bupati | amundhut ature pun Dipatya | Suradimênggala mangke | Kumpêni anênuwun | ing pêjahe pun Adipati | Jangrana Surapriga | lakung èwêdipun | upami pinaringêna | pun dipati dados mênggala nrêpati | pikukuhing ngrat Jawa ||

60. yèn tan suka kajêng sri bupati | yakti awon dhumatêng Wêlănda | Kumpêni sangêt ajrihe | bena[119] dhatêng sang prabu | sri narendra mênêng tan angling | kèmêngan ikang driya | kalakung angungun | mirsa ungêling nuwala | kawarnaa wadya gandhèk sampun prapti | nêgari Surabaya ||

61. sampun panggih lawan sang dipati | sêrat dalêm sinungakên sigra | nuwala tinupiksa ge | Dipati Surèngkewuh | amiyarsa ungêling tulis | jêngêr tan angandika | wisana[120] amuwus | animbali mantrinira | aran Wiratantaha prajurit luwih | wignya pasang graita ||

62. kacarita Wiratantahèki | anakira Tumênggung Sapanjang | sang dipati lakung sihe | sampun prapta ing ngayun | ikang rayi wus dèn timbali | Arya Jayapuspita | lawan arinipun |

--- [f. 585r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 63 dari 83

sira Panji Surèngrana | watên malih arine ikang wuragil | ran Panji Kartayuda ||

63. katri samya sinungan upaksi | sêrat dalêm mangke ikang prapta | yèn sêrat mêngkene unine |[121] kang rayi aturipun | lêhêng pêjah madyaning jurit | pan panduka tan dosa | dhatêng sang aprabu | pun kapir dahat niaya | yèn suwawi nêdha pinagut ing jurit | angur pêjah mêrgagah ||

64. nanging Dêmang Wiratantahèki | aturira lir pendah kukila | gusti sang dipati mangke | sampun amagut pupuh | yakti risak benjing kang kari | sang dipati lingira | bênêr ing aturmu | nadyan tumêkèng pralena | anging kabèh ari-ari mami |[122] ikang kari muktia ||

65. rayi katiga sarêng anangis | anungkêmi padane kang raka | amlasarsa sêsambate | dhuh kakang rêmbug ngamuk | suka isun pêjah ing jurit | tan arsa kantun wirya | lêhêng sarêng lêbur | sang adipati lingira | asmu wêlas lah sira mênênga yayi | măngsa bodhoa iyyang[123] ||

66. mila Sang Dipati Surawèsthi | arsa anglabuhana priyoga | bilih kawanguran têmbe | mring Kumpêni puniku | têmah rusak galih nrêpati | myang Dêmang Tanpanaha | sangêt aturipun | yèn panduka amêrgagah | botên kandêl anak putu dika benjing | ing sawiking panduka ||

67. pan liyane nagri Surawèsthi | sampun rêmbag Dipati Jangrana | sigra budhal sakadange [saka...]

--- [f. 585v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 64 dari 83

[...dange] | tan kawarna ing ênu | lampahira sang adipati | wus prapta Kartasura | jujug wismanipun | dalême ing Surabayan | kacarita sampun dhatêng kalih sami | datan watên bicara ||

68. kawarnaa komasaris prapti | Kartasura katur mring narendra | ngatasakên panuwune | pêjahe Jangranèku | lakung èmêng sri narapati | Dipati Surabaya | tan pêgat tinantun | ature sang adipatya | anglabuhi ing badanira pribadi | pêjahipun katura ||

69. ing panuwunipun sang dipati | pan nagari dalêm Surapriga | kang sinaosakên mangke | pun Jayapuspitèku | yèn marêngi lêga tyas aji | mêngkua Surabaya | mêngkana cinatur | Sang Adipati Jangrana | sabên arsa ing dina Soma rêrêsik | madhêp ing karsa nata ||

70. duk sêmana nujyèng ing Rêspati | pênuh sagunging mantri sewaka | satriya myang pugawane | Dipatya Surèngkewuh | lagya prapta dènira nangkil | ingiring para kadang | miwah mantrinipun | ki dipatya tinimbalan | manjing puri ing Kamandhungan duk prapti | sigra Ki Gêrwakăndha ||

71. lurah Martalulut lawan malih | Nayagêrwa wong Singanêgara | kalih narik curigane | ki dipatya sinuduk | pranèng jaja wus angêmasi | myang mantri jro sadaya | parêng prajayèku | sira Sang Jayapuspita [Jayapu...]

--- [f. 586r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 65 dari 83

[...spita] | wruh ing wadi yèn raka sang adipati | dangu tan wontên mêdal ||

72. angêjèpi ing wadyaning rèki | wong Surabaya samya sanega | miwah kang anèng pondhoke | sadaya sami rawuh | wong Sragêni myang Talangpati | abaris ing Pagongan | arsa saroh amuk | watara wong kalih nambang | pra Dipati Kartasura ngati-ati | anêrka dadya yuda ||

73. Ki Tumênggung Sumabrata prapti | saking pura dhawuhkên timbalan | hèh Arya Japuspitane | timbalane sang prabu | rakanira sang adipati | pinêjahan ing nata | tanpa dosa tuhu | uripe karya narendra | myang kya patih angêrtakakên[124] nêgari | sira kang gumantia ||

74. jumênênga anèng Surawèsthi | ayya dadi onênge tyasira | Arya Jayapuspitane | amyarsa têl prabu |[125] waspanira Arya drês mijil | kurdanira sinapyan | sampunnya ratwa[126] luh |[127] Ki Arya Jayapuspita | abêbisik marang Ki Sumabrata ris | kawula aturêna ||

75. pan kawula sampun wruh ing wadi | pêjahipun kakang adipatya | wontên kang dados margane | ikang sikara tuhu | pan kawula arsa nglabuhi | lan kang abdi sadaya | abela tumutur | nanging kawula mêrgagah | yèn lilani[128] sang nata sadina mangkin | kawula ngrabosa prang ||

76. Ki Sumabrata wus mêsat aglis | praptèng pura cundhuk lan narendra | sampun katur saature |

--- [f. 586v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 66 dari 83

Ki Jayapuspitèku | lakung èmêng sri narapati | pangulu ingandikan | Suranata juru | samya kinèn adêdonga | pamrihira liliha kurdaning rèki | Arya Jayapuspita ||

77. Ki Sumabrata mangkya tinuding | mêdal saking pura wus apanggya | lan Arya Japuspitane | andhawuhakên wuwus | hèh kiyai timbalan aji | sang narendra tan arsa | yèn maksih sirèku | baris anèng Panangkilan | wikan mangkin yèn pêkênira wus mijil | lan sagung wadyanira ||

78. Arya Japuspita agya nolih | abubarakên[129] ing barisira | wus budhal saha wadyane | gumlêndhêng lampahipun | ririh datan ngagèt-agèti | kadya milanga tindak | wadya gung tan cêru | lawung kang gathik tan ana | wong bawantuk miwah kang tolih-tinolih | lan rewange tan ana ||

79. sampun prapta sakiduling masjid | sajawine pamondhokanira | kang gêgaman sarêng nolèh | marêk mring alun-alun | datan owah tataning baris | wong sawiji tan ana | ikang lajêng mantuk | marang pamondhokanira | pan agêgêr[130] barisnya mêpêti margi | katur sri naradipa ||

80. lakung dènnya wagugê[131] nrêpati | dene Ki Arya Jayapuspita | dèn arsa lêbu gênine | bela ing kadangipun | suka mati lawan si kapir | kang dahat aniaya [a...]

--- [f. 587r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 67 dari 83

[...niaya] | mêngkana sang prabu | andhawuhakên timbalan | hèh Ki Arya timbalane sri bupati | sira aglis budhala ||

81. abêngganga saking Păncaniti | ayya kasapokkên barisira | yèn pêkênira wus ambèr | mênawa ta sang prabu | angrajongi kaptining rèki | ing mangkya datan arsa | Ki Arya tumukul | duk budhal saking Pagongan | lisir kilèn agêgêr dènnya nèng margi | praptèng surup yyang arka ||

82. budhal Ki Arya sawadya aglis | ngalor ngilèn tata barisira | lampahnya prapta pakuwon | ya ta kasaput dalu | rêrêb wadya ing Surawèsthi | ing dalu pinurcita | wontên duta rawuh | Ki Tumênggung Sumabrata | saking pura lan Răngga Wanèngjiwèki | datan amawi rowang ||

83. pan abêkta tadhahan kêkalih | isi surat kalawan busana | sampun pinatêdhakake | lan reyal kalih èwu | sêrat dalêm sinukmèng galih | miyarsa kang wêcana | Ki Arya amujud | sumukêm anèng buntala | sawungunya Jayapuspita anangis | asru atêbah jaja ||

84. sampun kondur dutane nrêpati | Ki Tumênggung Sumabrata muwah | Ki Răngga Wanèngjiwane | tumamèng ing kadhatun | kalih prapta byantara aji | ing dalu tan winarna | wadya Surèngkewuh | ingiring siyaga budhal | sinêngkalan

--- [f. 587v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 68 dari 83

paksa guna ngrasa wani |[132] bubare saking praja ||

85. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Surabaya | sirarya Japuspitane | agung mangan anginum | agêgabah marang ing dasih | akarya Dulangmangap | sèwu pan winangun | Talangpati kang sanambang | sêsêliran sanambang myang Saragêni | awra busananira ||

86. tan kawarna solahira nguni | gêntya wau ikang kawuwusa | sang nata lakung onênge | ing tyas nanging sinamur | ing pêjahe ki adipati | jinaluk mring Wêlănda | sang nata kaduwung | ngraos tan darbe mênggala | ing tyas wuyung Ratu Kancana udani | yèn raka mawi duka ||

87. kajêng ratu aturira aris | dhuh punapa kang dadi wuyung ta | sri narendra lon dêlinge | wruhanira bok ratu | ing patine Si Adipati | Surabaya pan măngka | bau kering isun | makya binikèng[133] Wêlănda | yakti cêla jênêng isun ing nrêpati | praja tanpa mênggala ||

88. yèn patuta kadya sun belani | kajêng ratu wruh sêmuning raka | yèn sangêt ngêmu dukane | ngrêrêpa aturipun | pan kawula nênêdha ugi | dipun emut panduka | dèn angeman sunu | kang wasiyat syargi eyang | Kanjêng Sultan yèn benjing bala Kumpêni | mila masisèng[134] Jawa ||

89. lagya eca ngandika nrêpati | pan kasaru wau lêbêtira | Tumênggung Cakrajayane [Cakra...]

--- [f. 588r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 69 dari 83

[...jayane] | atur uningèng prabu | yèn ka paman mangkya ngêmasi | Pangran Natakusuma | sang nata angungun | Cakrajaya ingandikan | praptèng ngarsa ngandika sri narapati | paman Natakusuma ||

90. atmajane gêntyanana mangkin | ajênênga Pangran Prigalaya | aja wah salêligihe | Cakrajaya wotsantun | sigra mêdal saking jro puri | sapraptanirèng jaba | ingundhangkên sampun | yèn Pangran Natakusuma | atmajane mangkya kang gêntèni ligih | Pangeran Prigalaya ||

91. apêparentah sri narapati | luwang karta Mataram kinarya | bumi gêdhong mantuk gêdhong | Numbakanyar lan sèwu | kang Panumping muliha numping | êni[135] tiga winayang | ing siti kaetung |[136] wus miyarsa Ngenta-enta | wong karaman sêmana umadêg baris | wastanya Kemas[137] Dana ||

92. Nginta-inta wus agêng kang baris | wong Mataram pan suyud sêdaya | kang malang ginêcêk age | sêmana nulya katur | mring Ki Jayawinata aglis | anulya linurugan | Nginta-inta rawuh | pan sampun campuh ing yuda | rameni prang Jayawinata kalindhih | wongira kyèh palastra ||

93. Dêmang Jayawinata malya glis | sêdya lajêng marang Kartasura | atur uninga sêdyane | Ki Dana kang winuwus | wus akarya pugawa mantri | akèh patigi[138] desa | kang madêg tumênggung | wus adadi barisira | Kyai

--- [f. 588v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 70 dari 83

Dêmang Jayawinata wus prapti | nagari Kartasura ||

94. katur marang kanjêng sri bupati | yèn mantune Ki Gêdhe Pacukilan |[139] mangkya umadêg barise | Nginta-inta dinunung | lakung duka sri narapati | sagung wadya pugawa | jawi kang tinuduh | ambêdhah ing Nginta-inta | sigra budhal ikang minăngka têtindhih | Pangeran Prigalaya ||

95. timbalanira sri narapati | yèn Si Dana kacandhak ing rana | dèn gawaa kupinge bae |[140] sang nata arsa dulu | lawan malihipun punagi | yèn prapta Kartasura | gyanira linampus | kinarya pangewan-ewan | dèn rampoga ngêndon mring wong sanagari | warnanên kang lumampah ||

96. pangeran ing Prigalaya prapti | Nginta-inta sagung pra pugawa | sigra pandhuk lan musuhe | ramya campuhing rèku | pra pugawa Kartasurèki | samya ngantêp ing yuda | tandange gumêrgut | samya jrih timbalan nata | myang Pangeran Prigalaya angawaki | wong karaman kèh pêjah ||

97. Ki Mas Dana wus lumalyya gêndring | gya ingusir mring wong Kartasura | ing Barabudhur loroge | ngardi sigra kinêpung | pan kacandhak Ki Dana aglis | binănda wus binêkta | mring Kartasurèku | wong cili kyèh binoyongan | sigra bubar Pangeran Prigalayèki | myang sagunging pugawa ||

98. sampun prapta ing Kartasurenjing | katur marang kanjêng sri narendra | yèn pun Dana kacêkêle | angandika sang prabu | kinèn ngrampog [ngrampo...]

--- [f. 589r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 71 dari 83

[...g] ing dom tumuli | maring wong sanêgara | ingundhangan sampun | ingugêr waringin kêmbar | abdi dalêm kaparak lêkas rumiyin | nulya gêdhong gumantya ||

99. sawusira gêdhong wadyèng jawi | kang gumantya ingidèn prasamya | anulya ingundhangake | mring wong sanêgarèku | pan kacatur ing tigang latri | jisimipun kinênthang | anèng alun-alun | nulya pinocok kang murda | wus pinanjêr gêmbunge dipun pênêdi | pinêtak anèng ngendra ||

100. gênti warsa kang ingucap malih | maratuwanipun Ki Mas Dana | Ki Gêdhe Pacukilane | katur marang sang prabu | yèn belani mantuning rèki | sêdya băngga ing nata | madêg barisipun | sêmana wus linampahan | pra pugawa prapta ing Cukilan enjing | Ki Gêdhe wus kapêdhak ||

101. apan dora kang matur nrêpati | pan ki agêng datan monasika | duk sêmanarsa mêmule | kyagêng lagya pinikut | dening sagung para dipati | wus pinacok kang murda | katur mring sang prabu | myang kang suta pinêjahan | tugil warsa ya Ki Kartanêgarèki | linusur ligihira ||

102. mantun dènira lugyèng apatih | pan kinarya têtindhih panêkar | pan kiwa duk sêngkalane | warna têtiga ratu |[141] duk apatya dadya satunggil | Tumênggung Cakrajaya | kang maksih lêstantun | parentah ing tanah Jawa | tugil warsa Ki Wiracana tinuding | mangun pasigit Dêmak ||

103. sirapira kang dipun salini | sri narendra ambêktani arta |

--- [f. 589v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 72 dari 83

sèwu reyal ing cacahe | tigang wulan lamèku | Ki Tumênggung Wiracanèki | jênêngi anèng Dêmak | pan wusira mantuk | sapraptane Kartasura | tan alami Ki Wiracana ngêmasi | angungun sri narendra ||

104. duk uripe Ki Wiracanèki | abdi dalêm gêdhong kering kanan | Wiracana têtindhihe | myang wong Kaparak iku | wêdanane amung satugil | pangeran ing Balitar | pan têtindhihipun | mêngkana kang cinarita | sri bupati arsa mêmantu nrêpati | wayahnya kalih pindhah ||

105. Pangran Balitar aputra èstri | akêkasih Radèn Ajêng Wulan | pinundhut putra sang katong | wayah putra waruju | sri narendra kalakung asih | makya Radèn Mas Damar | kang wayah pambayun | kang putra Pangran Dipatya | pan pinêndhêt pinutra dening kang rayi | Pangeran Purubaya ||

106. sri narendra angandika aris | ni bok ratu isun pan wus tuwa | ing karsanisun ing make | putranisun puniku | sun panggihkên mumpung ing makin | kalawan putuniwang | iku karsanisun | mumpung ana jênêng iwang | Kajêng Ratu Pakubuwana wotsari | dhatêng anarah karsa ||

107. datatita lingira ing nguni | Kanjêng Susunan Pakubuwana | apan mantu ing putrane | wayah ingambil sunu | dawêg umur sadasa warsi | wasta Dèn Ajêng Wulan | warnanya pan ayu | asaling putra Pangeran | Purubaya warnane anom [ano...]

--- [f. 590r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 73 dari 83

[...m] apêkik | wasta Radèn Mas Damar ||

108. kala nikah apan amarêngi | ing dina Soma Wage sêmana | Madhasiya ing wukune | Jumadelakiripun | kawan wêlas kang punang sasi | taun Êdal lumampah | sêngkalaning taun | trus guna angrasa tugal |[142] duk panggihe para pugawa bupati | otêr wong Kartasura ||

109. pra bupati sêntana myang patih | Ki Dipati Cakrajaya prapta | ing Purbayan sagarwane | sadaya samya tugur | myang wadya lit asaos kardi | nguyu-uyu gamêlan | pelog myang salindru | miwah sagêgamanira | warna-warna rinakit asaos kardi | wontên ing Kapurbayan ||

110. Sênèn sontên pugawa myang mantri | samya ngiring pangantèn wus prapta | sajro kadhaton lampahe | têngara pan gamrudug | barondongan gamêlan muni | sang nata suka ing tyas | palênggahe sampun | sri narendra angandika | anak isun patêmon putra lan putri | ana ing pangkon iwang ||

111. radyan putra pinêksa wotsari | mugèng wêntis sang nata ing kanan | sang putri wêntis keringe | sang nata ngandika rum | babo anak isun kêkalih | oyoda arondhona | babo putranisun | pan dadyaa pangauban | marang sanak-sanakira ing benjing |[143] tulusa aruntuta ||

112. dhuh mas sira dèn bisa alaki | angladèni marang lakinira | sarta dèn êlus [ê...]

--- [f. 590v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 74 dari 83

[...lus] êmbune | putra kalih wotsantun | sampun lèngsèr mangkya sang aji | anulya samya dhahar | têngara gumrudug | abarung lawan gamêlan | pan gumêrah surake kang punang jalmi | lir rubuh kang prawata ||

113. sampunnya dhahar samya wotsari | wus amêdal saking jro kadhatyan | orêg wong jro ngiringake | wadya jawi gumuruh | abarungan syaraning bêdhil | gamêlan sarêng munya | syarane gumuruh | nulya prapta Kapurbayan | atêngara sênjata gamêlan muni | sênjata barondongan ||

114. pan gumrudug syarane kang bêdhil | anglir gêrah syarane kang jalma | warna-warna busanane | joli jêmpana tandhu | waos binang sulam myang jigring | Purbayan lir rinêngga | pan asri dinulu | sadaya wus anugata | pra dipati sêntana myang wadya alit | dhahar nginum sadaya ||

115. samya tuwuk bubar têngah latri | byar raina dhatêng Balitaran | samêkta kang ngiringake | pangantèn sampun rawuh | Kablitaran têngara muni | sênjata barondongan | gamêlane barung | pra dipatya Kartasura | pêpêk andhèr ing Kablitaran wus prapti | dhatêngakên kasukan ||

116. dhahar anginum tatas salatri | enjing budhal pangantèn wus prapta | Kapurbayan sawadyane | tan antara ing ênu | pan sapêkên laminya nênggih | pagêring ikang prapta | pakliyêng puniku | sapasar anulya saras | tan antara sri nalendra sigra mijil |

--- [f. 591r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 75 dari 83

undhang mring wadyabala ||

117. sawarnine kang para bupati | kinèn karya dalême kang putra | pasohan kidul pêrnahe | sawetaning marga gung | kinèn majêng mangilèn kori | gumuruh wadyabala | ing Kartasurèku | tan antara nulya dadya | dalêm agêng radèn pangantèn wus mulih | sawadya garwanira ||

118. sakaprabon dalêm sampun ênting | ingusungan kang saking Purbayan | mangidul ika dalême | kajêng ratu winuwus | Pakubuwana kalakung asih |[144] radèn ayu yèn sohan | marang jro kadhatun | sabarang ing karsanira | datan lêpat kang ibu ratu nuruti | panuwune kang putra ||

119. sakathahe busana di luwih | apan saking kang ibu sadaya | sakalakung sih mulene | sang nata kang winuwus | nulya enjing miyos tinangkil | pêpêk ikang sewaka | ki patih nèng ngayun | sri narendra angandika | anak isun ki pangantèn sun paringi | anamaa pangeran ||

120. Pangeran Arya luwih abêcik | lawan isun paringi lêlênggah | wong têlung atus cacahe | pirabara ing besuk | kajêng pangran matur wotsari | anulya watên undhang | pan aukup kuluk | pan antara tigang căndra | parasira sang nata têngara muni | nuju wulan Ramêlan ||

121. nulya datan antara alami | jêng pangeran pinaring lêlênggah | wong pitung atus wuwuhe | dadya jangkêp wong sèwu |

--- [f. 591v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 76 dari 83

kajêng pangran rêna ing galih | bungah wadya karian | gêntya kang winuwus | pambalike pun Winongan | Radèn Tirtakusuma umadêg baris | agitik Pasêdhahan ||

122. kang jumênêng Pasuruhan uning | akêkasih Tumênggung Jadita | duk Pasuruhan bêdhahe | punika kang tinandur | Pasuruhan apan taliti | mêngkana Ki Jadita | sampun kapalayu | dening bala ing Winongan | Pasuruhan apan sampun dèn anciki | dening Tirtakusuma ||

123. sampun katur dhatêng sri bupati | yèn pun Tirtakusuma Winongan | tuhu lamun pambalike | lakung duka sang prabu | Kyai Kartanêgara aglis | kinèn lurug[145] mangetan | lan sakancanipun | sagunging para pugawa | wong pasisir bang wetan kang dèn tindhihi | angrusak pun Winongan ||

124. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Winongan rame gènnya yuda | pan tigang căndra lamine | Winongan sampun gêmpur | kuthanira wus dèn abongi | rabinira Rahadyan | Tirtakusumèku | kabayong mring Kartasura | pan abêkta atmaja amung satugil | Mas Kaji wastanira ||

125. Radèn Tirtakusuma anênggih | pan lumayu dhatêng ing Lumajang | kang nglurug wus mantuk age | sigra Kyai Tumênggung | Pasêdhahan dipun pêjahi | ikang aran Jadita | anèng alun-alun | dosane tiwas rumêksa | ing prajane mulane dipun pêjahi | sampun [sa...]

--- [f. 592r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 77 dari 83

[...mpun] gênti winarna ||

126. gêntya ikang kawuwusa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumantya kakange | amung coklang samulud |[146] wadyèng Surapriga kinêrig | kacatur tigang nambang | kang rong nambang iku | winastan wong Dulangmangap | kang sanambang ingaran wong Talangpati | samya kre gêgênderan ||

127. asikêp waos mamas jinigring | myang kang tumpêr ingas miwah mamas | wrêgu tulup lan bung ampèl | lan mantrinira agung | tuwin arinira kêkalih | Apanji Surèngrana | rinya kang waruju | sira Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sikêping ajurit | binêktèng Kartasura ||

128. katur marang kajêng sri bupati | lamun Ki Arya Jayapuspita | asanega ing sebane | sang nata sukèng kalbu | nulya undhang anyêluk kêris | kancana myang lantakan | wanèh kang balitung | asri tinatrapan êmas | sira Arya Jayapuspita alami | nèng nagri Kartasura ||

129. sigra mantuk dhatêng Surawèsthi | sapraptanira ing Surapriga | tan arsa sebaa malèh | rêmbag sakadangipun | apan sêdya ngulati margi | mangkya kah ingutusan | mantri kang lumaku | Ki Tumênggung Sumabrata | kanthinipun mantri jro ikang lumaris | aran Driyamênggala ||

130. samêdya[147] căndra nèng Surawèsthi | ikang duta Kyai Sumabrata | lan Ki Driyamênggalane | nanging Japuspitèku | asêmados [a...]

--- [f. 592v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 78 dari 83

[...sêmados] sohaning rèki | ature nagèng krama | duta kalih mantuk | wus prapta ing Kartasura | tumamèng jro ngabyantarane sang aji | katur sasolahira ||

131. sri narendra nimbali apatih | kinon pracayèng maring Sêmarang | Surabaya pamogoke | kya patih sigra nuduh | gya umêsat kêkalih mantri | bêkta surat narendra | nêhên kang winuwus | Ki Arya Jayapuspita | saukure Ki Sumabrata duta ji | akèn mring rayinira ||

132. Panji Surèngrana kinon awiwit |[148] mêtu saking nagri Surabaya | datan kawarna lampahe | nagri Lamongan rawuh | sira Panji nulya awiwit | budhal saking Lamongan | Garêsik tinuju | saking Gari[149] dènnya migah | wong Lamongan ingadu angrasang biting | sawulan nora kangkat ||

133. kawarnaa dutaning nrêpati | sampun prapta nêgari Sêmarang | sampun katampan sêrate | marang sira kumêndur | tinupiksa wus dèn urmati | kumêndur dyan siyaga | wus numpak ing laut | layar maring Surabaya | sapraptane ing Surabaya apanggih | lan Arya Japuspita ||

134. sira kumêndur têtanya aris | marang Dipati Jayapuspita | dening Ki Panji polahe | Jayapuspita tambuh | saking awonipun Ki Panji |

--- [f. 593r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 79 dari 83

kumêndur pan kèwêdan | mêngkana pinatut | biting garêsik binubrah | nulya mantuk kumêndur marang Sêmawis | Apanji minta sraya ||

135. utusan marang nêgari Bali | ing Garêsik winêton saga |[150] Dewa Kaloran srayane | wong Garêsik katungkul | musuh têka ing têngah latri | gègère apuyêngan | kathah kang kacakup | wadya lit matur sasaran | sabêdhahe wau nêgari garêsik | mantuk Dewa Kaloran ||

136. asêmados wangsulira malih | Panji Lamongan apan akathah | ambêktani rêrubane | kang katur ing dewa gung | ing Kaloran dutane prapti | mangkana ta winarna | nagri Surèngkewuh | Dipati Jayapuspita | apratăndha wus angadêgakên baris | ngirup macanêgara ||

137. Panji Kartayuda kang tinuding | agêcaka mring măncanêgara | lumaksana ing barise | ngirid prajurit sèwu | nagri Japan kang dèn margani | wong Japan tan kawawa | mêthuka prangipun | prasamya nungkul kewala | nagri Japan sêmana wus liniwati | lajêng mring Wirasaba ||

138. wadyèng Wirasaba samya ngili | dipatine ngumpul marang Daha | Apanji Kartayudane | ing Wirasaba rawuh | dipatine kapanggya sêpi | pan sampun tinanêman | Kartayuda laju | ngrabasèng nêgari Daha | wong Kadhiri pan sampun miyarsa warti | saega mêthuk ing prang ||

139. nahên kang lagya yuyunan[151] jurit | kawarnaa Apanji Lamongan [La...]

--- [f. 593v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 80 dari 83

[...mongan] | sampun lumampah barise | agêcak ing Sidayu | ramening prang kathah kang mati | kutha Sidayu bêdhah | Panji sigra wangsul | mingêr agêcak ing Jipang | tan winarna ing marga Jipang wus prapti | lajêng campuh ing yuda ||

140. wadyèng Jipang yudane kalindhih | sira Tumênggung Surawijaya | kadorojog[152] duk kèngsêre | gugup tan polah kawus | wong Lamongan gya wangsul malih | lajêng ngrabasèng Tuban | sêmana wus rawuh | ing Tuban campuh ing yuda | wadyèng Tuban ingamuk sampun angisis | kuthane wus kancikan ||

141. kawarnaa kang anèng Kadhiri | duk sêmana campuh ing ayuda | Apanji Kartayudane | wong Kadhiri agrêgut | wadyèng Surabaya mangukih | abyuk[153] mangamuk rampak | wong Kadhiri mawur | sira Panji Kartayuda | saha bala sampun angancik Kadhiri | anukul wong bang wetan ||

142. nuntên gêntya wau kang winarni | sri naranata ing dina Soma | miyos siniwi wadyandhèr | Dêmang Răngga Tumênggung | Pêcaktăndha lan Ăndhamoi | Ngabèi Sinangarya | Kandhuruanipun | myang Apatih Cakrajaya | mugèng ngarsa aluguh saha wotsari | umatur ing narendra ||

143. yèn nagari dalêm Surawèsthi | mangkya pun Arya Jayapuspita | tuhu lamun pangadêge | sampun angirup-irup | abdi dalêm macanêgari | bang wetan ginêcêkan | myang pasisiripun | ing Sidayu sampun [sa...]

--- [f. 594r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 81 dari 83

[...mpun] bêdhah | miwah Tubin pun Jipang sampun kalindhih | Kadhiri wus kancikan ||

144. asru ngandika sri narapati | hèh Apatih Cakrajaya sira | pracayaa dipun age | ya marang si kumêndur | yèn wong Surabaya ambalik | lan sira sanegaa | sagêgamanipun | sira dhewe lumarisa | mêtu ing lor ngirida bala pasisir | dening măncanêgara ||

145. Ki Tumênggung Kartanêgarèki | kang sun tuduh iku nindhihana | mêtua kidul lakune | lawan sira dèn gupuh | amundhuta bala Kumpêni | apatih atur sêmbah | sigra wêdalipun | saking pura undhang-undhang | wus amatah duta kang marang Sêmawis | wong Kartasura dangdan ||

146. kawarnaa dutane nrêpati | ikang dhatêng nêgari Sêmarang | prapta katampan surate | marang sira kumêndur | tinupiksa wus dèn urmati | kumêndur pan kapitan | angundhangi sampun | bala Kumpêni siyaga | lan kumêndur tur wikan marang Batawi | wus mêsat dutanira ||

147. tan winarna solahirèng nguni | Kyai Tumêngung Kartanêgara | andhingini ing budhale | saking Kartasuresuk | ngirid wadya măncanêgari | Apatih Cakrajaya | kang maksih angantun | anganti bala Wêlănda | duk sêmana kumêndur utusan aglis | ajangji angkatira ||

148. Ki Tumênggung Cakrajaya aglis | budhal saking nagri Kartasura | miyos Sêmarang [Sê...]

--- [f. 594v] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 82 dari 83

[...marang] lampahe | syaraning bala umyung | busananya awarni-warni | tinon lir puspita bra | asri yèn dinulu | tuwin sagunging pugawa | tan winarna ing marga praptèng Sêmawis | gêntya kang kawuwusa ||

149. Ki Tumênggung Kartanêgarèki | lampahira apan sampun prapta | ing Jipang têpis wiringe | lami dènnya kêkuwu | ngantos wadya măncanêgari | pakumpulan ing Jipang | pun Răngga Madiun | myang Kaduwang Kamagêtan | ing Bragola ing Warung lan Raosragi | amung ing Garobogan ||

150. pugawa kalih syami[154] binijig | milya Ki Tumênggung Jakrajaya[155] | miyos pasisir lampahe | Dyan Suryawinatèku | lawan Sasrawinata nênggih | kang wayah Panêmbahan | Mandura karuwun | pinaringan ing Mandura | kang saduman nanging ta datan alami | anulya tinimbalan ||

151. pinaringan Garobogan nênggih | Sasrawinata lan Suryawinata |[156] warnanên wau lampahe | Ki Kartanêgarèku | sampun ayun-ayunan jurit | lan Panji Surèngrana | anèng Majaranu | Tumênggung Surawijaya | sigra kumpul lan Ki Kartanêgarèki | wus agêng barisira ||

152. Ki Tumênggung Surawijayèki | wus siyaga lan sawadyanira | myang măncanêgara kabèh | budhal arsa umagut | Kyai Kartanêgara wuri | minăngka tindhihing prang | Panji sigra mêthuk | ramya campuhing ayuda [ayu...]

--- [f. 595r] ---

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 143–147): Citra 83 dari 83

[...da] | wadyèng măncanêgara yudanya ngukih | datan sêdya mundura ||

 


Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.237. (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: panêmbahan kang dadya pangawatipun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.238, Pupuh 143.10.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.10.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.10.5); Panêmbahan Madura pangawatipun (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.9.5). (kembali)
pinanganggyan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.11.4). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: lawan Pangeran Balitar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.14.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.14.6); tuwin Pangeran Balitar (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 255.23.6); sira Pangeran Balitar (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.13.6). (kembali)
mêngsah (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.238, Pupuh 143.20.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.20.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.20.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: alêrês ujar punika (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.238, Pupuh 143.20.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.20.6; Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 255.29.6); abênêr ujar punika (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.20.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang samya dadya pangarsa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 130.23.6); kang dadya pangarsa samya (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.23.6); ing yuda ikang pangarsa (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.22.6). (kembali)
sajroning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.240, Pupuh 143.35.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.35.2). Bandingkan: jroning (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.34.2). (kembali)
Bandingkan: surak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.240, Pupuh 143.38.4). (kembali)
10 Bandingkan: pancing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.240, Pupuh 143.39.7). (kembali)
11 ambanjêng. Bandingkan: abanjêng (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.43.7). (kembali)
12 sanggupipun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.241, Pupuh 143.44.5). Bandingkan: sanggup (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.44.5). (kembali)
13 Lebih satu suku kata: susunan mas yèn pangran mênang jurit. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: tiyang Ambon Makasar lawan Bugis. Bandingkan: tiyang Ambon Makasar Bugis Bali (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.49.2). (kembali)
15 Rawana. Bandingkan: Rahwana (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.241, Pupuh 143.49.3); rewănda (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.49.3). (kembali)
16 ewon (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.241, Pupuh 143.52.7). (kembali)
17 Lebih satu suku kata: igih sampun kawula kesah nêlik. (kembali)
18 Bandingkan: amlêbu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.242, Pupuh 143.57.7); malêbu (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.57.7). (kembali)
19 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.244. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: pêndhak enjing budhal aji. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: iya ta ingkang kawarni. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: Pangran Arya Matram mangko. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: uwong ing Surabaya sigra anêmpuh. (kembali)
24 Lebih satu suku kata. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: watang wus dèn putung rêmpon. (kembali)
26 Mêngkurat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.244, Pupuh 144.8.3). (kembali)
27 Lebih satu suku kata: Sunan Mêngkurat Mas wau. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: wus ginanjar busana wastra klambiku. (kembali)
29 Kurang dua suku kata: baris păncaniti samya yitnèng kewuh. (kembali)
30 Lebih satu suku kata: marma Dèn Ajêng Wulan ku. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: dhatênge kang paman katri. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: anut marga gung nunjang ing barisipun. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: pati-pati ambêntusi. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: sigra Kiyai Wiraguna anêngguh. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: sampun tumamèng jro puri wus apangguh. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: Sunan Mangkurat Mas singgih. (kembali)
37 Lebih satu suku kata: bilih kasêlak lampahe mêngsah prabu. (kembali)
38 kalimputi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.245, Pupuh 144.25.2). (kembali)
39 Lebih satu suku kata: mêngsah lan sunu klimputi. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: Bali Bugis lawan wadya Kumpêniku. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: kalampah pun bapa lampus. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: Cakraningrat lawan pun Jangrana wau. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: wudanana miwah katong. (kembali)
44 Lebih satu suku kata. (kembali)
45 Lebih satu suku kata. (kembali)
46 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.247. (kembali)
47 Bandingkan: Jumadilakir (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.99.5). (kembali)
48 Tanggal: Kêmis pitu (7) Dumadilawal (Jumadilawal) Jimawal: [AJ 1629]. Tanggal Masehi: Jumat 28 Agustus 1705. Perbedaan satu hari (Kêmis versus Jumat) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
49 Gunturgêni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.248, Pupuh 145.14.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.108.2). (kembali)
50 Kurang satu suku kata. Bandingkan: atanapi Kiyai Gunturgêni (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.108.2). (kembali)
51 jrih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.248, Pupuh 145.15.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.109.2). (kembali)
52 sinasiyung (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.110.5). Bandingkan: sinang siyung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.248, Pupuh 145.16.5). (kembali)
53 Lebih satu suku kata. Bandingkan: prapta ing Kêmlayan nênggih barisipun (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.112.5). (kembali)
54 Lebih satu suku kata: awor kriciking wastra. Bandingkan: awor kriciking kuda (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.118.4). (kembali)
55 datatita. Bandingkan: datan tita (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.249, Pupuh 145.28.1); ênêngêna (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.122.1). (kembali)
56 sanggup. Bandingkan: sagah (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.122.5). (kembali)
57 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Jêng Pangeran Ngabèi sêmu tangis (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.125.2). (kembali)
58 Kurang satu suku kata. Bandingkan: jeng pangeran pirembagan lan kang ibu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.250, Pupuh 145.34.5); jêng pangeran arêmbagan lan kang ibu (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.128.5); pangran agya arêmbag lawan kang ibu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.114.5). (kembali)
59 nusul (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.250, Pupuh 145.34.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.128.6). (kembali)
60 Bandingkan: wus tan apakewuh wuri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.250, Pupuh 145.34.7). (kembali)
61 lopèrès (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.250, Pupuh 145.35.3; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.129.3). Bandingkan: alfèrès (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.115.3). (kembali)
62 lopèrès (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.250, Pupuh 145.36.4). Bandingkan: alfèrès (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.116.4; lopèrèse (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.130.4). (kembali)
63 Kurang satu suku kata. Bandingkan: subasita datan ana kaèksi (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.132.2); dening arsa budhal dipun alangi (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.118.2). (kembali)
64 Bandingkan: Kabangekan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.251, Pupuh 145.43.7); Kabangkekan (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.137.7). (kembali)
65 anyipêng. Bandingkan: nyipêng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.251, Pupuh 145.44.2); asipêng (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.138.2). (kembali)
66 Bandingkan: anèng Larohan nyipêng tigang latri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.251, Pupuh 145.44.2). (kembali)
67 prapta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.251, Pupuh 145.44.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.138.5; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.124.5). (kembali)
68 Kurang satu suku kata: Kartasura ingkang prasami anungkul. Bandingkan: Kartasura apan ingkang sami nungkul (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.144.5). (kembali)
69 larugipun (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.149.5). (kembali)
70 Lebih satu suku kata. Bandingkan: tan pêgat adana darma (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.156.6). (kembali)
71 Lebih satu suku kata: Ngabèi Lor amit sawadyanèki. Bandingkan: Ngabèi Lor Kidul samya apamit (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.160.2). (kembali)
72 asabar. Bandingkan: sabar (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.173.6). (kembali)
73 Sumabrata (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.174.6). (kembali)
74 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Ngabèi Lor nênggih lumayu aglis (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.179.2). (kembali)
75 Lebih satu suku kata. Bandingkan: anjog Pamêdhangan maksih dèn bêbujung (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.179.5). (kembali)
76 Bandingkan: acundhuk (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.164.3). (kembali)
77 tinupiksa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.255, Pupuh 145.89.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.183.6). (kembali)
78 Tanggal: tirta guna angrasani wani (AJ 1634). Tahun AJ 1634 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Maret 1710 sampai dengan 19 Februari 1711. Tampaknya kata "tirta" dalam sangkala ini dengan watak bilangan empat (4) salah, seharusnya angka nol (0) sesuai dengan urutan tahun dalam naskah ini dan konteksnya. Bandingkan: sirna guna angrasani wani (AJ 1630) (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.190.7); tanpa guna ngrasa wani (AJ 1630) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 46.174.1–2). Tahun AJ 1630 jatuh antara tanggal Masehi: 15 April 1706 sampai dengan 3 April 1707. (kembali)
79 Lebih satu suku kata: mêdal Pace pangran sawadyanèki. Bandingkan: lampahira tan kawarna ing margi (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 2.191.2). (kembali)
80 Bandingkan: anjog ing Êmbat-êmbat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.256, Pupuh 145.98.4). (kembali)
81 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.257. (kembali)
82 sakapraboning (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.257, Pupuh 146.2.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.2.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.2.7). (kembali)
83 ramening (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.258, Pupuh 146.15.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.15.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.15.1). (kembali)
84 bandayuda (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.258, Pupuh 146.16.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.16.1). (kembali)
85 carêngkling (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.258, Pupuh 146.16.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.16.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.16.5). (kembali)
86 sirnanting. Bandingkan: sirna nting (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.258, Pupuh 146.20.5); siranting (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.20.5). (kembali)
87 satunggal (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.258, Pupuh 146.21.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.21.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.21.1). (kembali)
88 miyat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.21.6). Bandingkan: mulat (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.21.6). (kembali)
89 Pambèbèrmiyan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.258, Pupuh 146.21.6). (kembali)
90 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Walandi nanjata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.32.3); Kumpêni nyanjata (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.32.3). (kembali)
91 Biasanya guru lagu i. Bandingkan: prapti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.260, Pupuh 146.41.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.41.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.41.2). (kembali)
92 ngipuk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.41.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.41.7). Bandingkan: ngimpun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.260, Pupuh 146.41.7). (kembali)
93 Kurang satu suku kata. Bandingkan: lan pangeran wus apanggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.46.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.46.5). (kembali)
94 Kurang satu gatra: gatra ke-6 (5a). Bandingkan: tuhu prawira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.55.6); langkung prawira (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.55.6). (kembali)
95 Mangkunêgara (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.262, Pupuh 146.81.1). Bandingkan: Mangkunagara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.81.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.81.1). (kembali)
96 Mangkuningrat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.262, Pupuh 146.81.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.81.1). Bandingkan: Pakuningrat (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.81.1). (kembali)
97 Tanggal: wong têtiga ngrasa wani (AJ 1631). Tahun AJ 1631 jatuh antara tanggal Masehi: 4 April 1707 sampai dengan 23 Maret 1708. Lihat juga: Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.96.1; wong guna ngrasa wani (AJ 1631) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 47.89.2); wong têtiga ngrasa tunggal (AJ 1631) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.96.1). (kembali)
98 amasanggrahan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.264, Pupuh 146.96.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.96.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.96.6). (kembali)
99 Bandingkan: desa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.264, Pupuh 146.108.4). (kembali)
100 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Pangran Balitar nênggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.110.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.110.2). (kembali)
101 Wanasrênggi (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 7.117.5). (kembali)
102 Bandingkan: myang arinira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.117.6; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.117.6). (kembali)
103 Bandingkan: mong sasyanira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.266, Pupuh 146.122.6); măngsa swanita (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.122.6); măngka syanira (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.122.6). (kembali)
104 Lebih satu suku kata. Bandingkan: tyasira kagegeran (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.124.4); galihe kagegeran (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.124.4). (kembali)
105 Biasanya guru lagu a. Bandingkan: wêwêlak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.125.1); wawêlak (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 47.116.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 3.125.1). (kembali)
106 angisêp. Bandingkan: angingsêp (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 47.117.7); mangisêp (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 133.126.7). (kembali)
107 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.267. (kembali)
108 Kiyai (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.267, Pupuh 147.6.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.6.5; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.6.5). (kembali)
109 sugal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.6.7). (kembali)
110 bêbêrkatan. Bandingkan: babêrkatan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.6.10); babrêkartan (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.6.10). (kembali)
111 ênu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.8.4; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.8.4). (kembali)
112 Kêncèd. Bandingkan: Kêncèt (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.13.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.13.2). (kembali)
113 Kandhuruan (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.20.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.20.2). Bandingkan: kandhuruhan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.269, Pupuh 147.20.2). (kembali)
114 Lebih satu suku kata. Bandingkan: cundhuk lawan Ki Cakrajayèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.22.1); panggih lawan Cakrajaya panggih (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.22.1). (kembali)
115 Bandingkan: larya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.271, Pupuh 147.35.6). (kembali)
116 durnadur (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.272, Pupuh 147.46.7). Bandingkan: gurnadur (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.46.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.45.10). (kembali)
117 andik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.272, Pupuh 147.47.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.46.9; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.47.9). (kembali)
118 mêsat (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.273, Pupuh 147.58.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.57.3; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.58.3). (kembali)
119 beka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.59.4). Bandingkan: bêbeka (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.60.3). (kembali)
120 wasana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.60.7). Bandingkan: wêkasan (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.61.7). (kembali)
121 Lebih satu suku kata. Bandingkan: kaya mangkene unine (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.62.3); pan mangkene surasane (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.63.3). (kembali)
122 Kurang dua suku kata. Bandingkan: sun labuhi nanging ari-ari mami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.63.9; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.64.9). (kembali)
123 ingwang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.64.10; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.65.10). Bandingkan: ing hyang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.274, Pupuh 147.65.10). (kembali)
124 Bandingkan: angrêtakakên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.72.9); angingêrakên (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.73.9). (kembali)
125 Kurang satu suku kata. Bandingkan: myarsa timbalan prabu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.73.4); mirsa timbalan prabu (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.74.4); timbalanira prabu (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.71.4). (kembali)
126 rawat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.73.7; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.74.7). Bandingkan: arawat (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.71.7). (kembali)
127 Bandingkan: sampunnya rat waluh (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.274, Pupuh 147.74.7). (kembali)
128 nglilani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.74.9). Bandingkan: kalilan (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.75.9; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.72.9). (kembali)
129 ambubarakên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.275, Pupuh 147.78.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.77.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.78.2). (kembali)
130 anggêgêr (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.78.9). (kembali)
131 wagugên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.275, Pupuh 147.80.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.79.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.80.1). (kembali)
132 Tanggal: paksa guna ngrasa wani (AJ 1632). Tahun AJ 1632 jatuh antara tanggal Masehi: 24 Maret 1708 sampai dengan 12 Maret 1709. Lihat juga: Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.84.9. Bandingkan: karya guna ngrasa wani (AJ 1634) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.83.9). (kembali)
133 binekèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.86.8). Bandingkan: bineka (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.87.8). (kembali)
134 masesèng. Bandingkan: misesèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.87.10; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.88.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.85.10). (kembali)
135 gêni (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.91.6). (kembali)
136 Tanggal: êni [gêni] tiga winayang ing siti (AJ 1633). Tahun AJ 1633 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Maret 1709 sampai dengan 1 Maret 1710. Lihat juga: gêni tiga winayang ing siti (AJ 1633) (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.91.6–7); mantri guna rêtu tunggal (AJ 1633) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.88.7–8). Bandingkan: hèr ning tiga kawayang ing siti (AJ 1634) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.90. 6–7). (kembali)
137 Bandingkan: ke mas (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.276, Pupuh 147.91.10); ki mas (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.90.10; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.91.10; Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.88.10). (kembali)
138 Bandingkan: patiti (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.276, Pupuh 147.93.6). (kembali)
139 Lebih satu suku kata. Bandingkan: yèn mantune Gêdhe Pacukilan (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.91.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.93.2). (kembali)
140 Lebih satu suku kata: dèn gawa kupinge bae. Bandingkan: dèn gawaa urip bae (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.92.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.94.3; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.95.3). (kembali)
141 Tanggal: warna têtiga [...] ratu (AJ 1[6]34). Tahun AJ 1634 jatuh antara tanggal Masehi: 2 Maret 1710 sampai dengan 19 Februari 1711. Lihat juga: Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.101.4. Bandingkan: warsa têtiga ratu (AJ 1[6]34) (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.102.4); warsa guna yag purun (AJ 1634) (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.98.4). (kembali)
142 Tanggal: Soma (Sênèn) Wage kawan wêlas (14) Jumadelakir (Jumadilakir) Êdal (Dal): trus guna angrasa tugal (AJ 1639). Tanggal Masehi: Senin 17 Juni 1715. Bandingkan: trus guna angrangsang tunggal (AJ 1639) (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.108.8). (kembali)
143 Kurang satu suku kata. Bandingkan: marang sanak anak putunira benjing (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.111.9). (kembali)
144 Lebih satu suku kata: Pakubwana kalangkung asih. Bandingkan: marang putra kêlangkung asih (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.118.5). (kembali)
145 nglurug (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.280, Pupuh 147.123.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.106.6). Bandingkan: nglarug (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.123.6). (kembali)
146 Bandingkan: amung sowan sa-Mulud (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.109.4); amung sowan samulut (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.126.4); amung seba samulud (Babad Kartasura, British Library (MSS Jav 49), Pupuh 48.106.4). (kembali)
147 samadya (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.113.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.130.1). (kembali)
148 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Panji Surèngrana kinèn wiwit (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.115.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.132.1). (kembali)
149 Giri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.115.8; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.132.8). (kembali)
150 Kurang satu suku kata. Bandingkan: ing Garêsik winêton sagara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.118.2; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.135.2). (kembali)
151 yun-yunan (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.281, Pupuh 147.139.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.122.1). Bandingkan: yun-ayunan (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.139.1). (kembali)
152 kadarojog (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.123.3). Bandingkan: androjog (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.140.3). (kembali)
153 ambyuk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.281, Pupuh 147.141.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.124.6). (kembali)
154 sami (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.133.1; Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.150.1). (kembali)
155 Cakrajaya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.282, Pupuh 147.150.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.133.2). (kembali)
156 Lebih satu suku kata. Bandingkan: Suryawinata Sasrawinata (Babad Kartasura, Anonim, Pupuh 4.151.2); Surawinata Sasrawinata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 134.134.2). (kembali)