Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 152–161)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 638r lanjutan] ---
152. Dhandhanggula
[Pangéran Tepasana lan radèn Jayakusuma dipunperjaya. Wiratmeja lan Wiramenggala ngamuk béla pejahipun pangéran Tepasana lan radèn Jayakusuma, nanging lajeng ngungsi dhateng Semarang.[1]]
1. Ki Asmaradana kang ngaturi | pangujuke sami lan duk kala | anèng Natakusumane | ing bakda ngisanipun | apan kinèn samya nêlasi | linawe wus palastra | pan kinèn angubur | Ngardi Wujil Pajajaran | Pangran Wiramênggala ikang winarni | pan wus miyarsa warta ||
2. lamun ikang rayi dèn têlasi | umyung tangise kang para garwa | myang para putra wusdene | parêk atri gumuruh | Radèn Wiratmêja nungkêmi | ing padane kang uwa | nangis kawlasayun | lan putranira taruna | Radèn Gêrndi sêsambate
--- [f. 638v] ---
amlasasih | wontên pundi pun bapa ||
3. sangsaya sangêt rubêding galih | sira Pangeran Wiramênggala | tambuh raose manahe | ingaras ikang êmbun | wis mênênga babo nak mami | balikan payo lunga | têka nagarèku | angulati budidaya | pirabara ana pitulung Yyang Widi | dening wong tanpa dosa ||
4. marmanipun purun marang Jawi | mati urip pan tugal satanah | anèng ing ulon dagane | ya wong tuwaning rèku | mêngko prapta ing tanah Jawi | wêkasan dèn niaya | wis dangdana kulup | nanging Radèn Wiratmêja | wiyang ing tyas paksa ngamuk ambelani | marang sudarmanira ||
5. ikang uwa ngandika smu tangis | olih pira kulup wong satugal | payo adangdana bae | saksana busana wus | sawarnine jalu myang èstri | budhal saking dalêmnya | wanci têngah dalu | duk sêmana sinêngkalan | lan Pangeran Têpasana dèn têlasi | gana rêtuh bahing rat |[2]|
6. katur maring ing radèn apatih | lamun Pangeran Wiramênggala | kendhang saanak putune | dyan katur mring sang prabu | pêparentah kinèn nututi | Radèn Mlayakusuma | tinuduh ing laku | budhal sapanêkarira | sira radèn rêkyana patih bêktani | têtindhih Sewabăngsa ||
7. timbalanipun sri narapati | saênggène candhak dèn tumpêsa | wadya măncanêgarane | ikang bantoni laku | kabayane [kabaya...]
--- [f. 639r] ---
[...ne] ikang angirid | sagung kang pra dipatya | sadaya anurut | wus budhal umyung kang bala | pan angalèr salasah ikang dèn titik | ing marga tan winarna ||
8. untap-untapan ikang nututi | kacandhak anèng wana Gagatan | katuju srênti lampahe | sabên cêlak dèn amuk | samya buyar ikang nututi | sawab têtindhihira | atêbih nèng pukur | Radèn Malayakusuma | datan sagêd angegalakên wadya lit | ngarsa jêjêl gêgaman ||
9. datan kêna nyimpang kanan kering | wana alit pan pating suladhang | jurang jro rumpil rampale | dadya saparan tinut | kèndêl anèng madyaning ardi | kandhêg bumi ing padhas | sangêt sayahipun | pating kacècèr kang bala | wadyèng Kartasura pan kecalan lari | dening wong kaselongan ||
10. kathah kantun anusup nèng margi | gêgurumbul jurang kang sinêrang | samya ngusèkkên[3] uripe | mrih ayya na kadulu | dening bala ikang nututi | mêngkana wong satugal | kêlasi angantun | ngrempong tan sagêd lumampah | lan kalirên rong dina gènnya tan bukti | anulya cinêkêlan ||
11. tinakonan ngakên tan udani | kula pisah saking wisma pisan | saksana winêdosake | yèn sira nora ngaku | mêngko sira isun patèni | sun rampog mêngko modar | yèn sira angaku | isun tugangakên jaran | lawan sira sun wèhi pangan tumuli |
--- [f. 639v] ---
kêlasi nulya sanjang ||
12. sampun kinèn mangana tumuli | nulya tinitihakên turăngga | anuduhakên margane | mêngkana kang winuwus | Pangran Wiramênggala nênggih | lan Radèn Wiratmêja | kèndêl lampahipun | pan sangêt sayah sadaya | samya nangis tuwa anom jalu èstri | sayah tan ana mangan ||
13. kang satêngah panangising rèki | ngajak angamuk kaku tyasira | binabujung saparane | wanèh panangisipun | sangêt sayah datan abukti | watên klasi satunggal | pun Dhampak ranipun | kêdah angamuk kewala | pan ginubêl Rahadèn Wiratmêjèki | lah iya mêngko Dhampak ||
14. sagunging wong rêrepotan aglis | rumiyina tunggala lan uwa | mangkata sêlot-sêlote | isun nugulang mupuh | dyan umangkat sagung pawèstri | pun Dhampak atur sêmbah | dawêg gusti sampun | uwa panduka wus têbah | Radèn Wiratmêja majêng madyèng margi | amung wong salawe prah ||
15. nulya bala kang sami nututi | pangajênge Dêmang Surataka | lawan wau kaliwone | Dyan Mlayakusumèku | Radèn Wirataruna nênggih | dadya cucuking lampah | măncanêgarèku | Ngabèi Suralêgawa | ing sarêngat lawan Ki Sewabăngsèki | têtindhih Kapatihan ||
16. para mantri sarêng aningali | lamun kèndêl Radèn Wiratmêja | sêdya nagulang yudane | ngabani wadyanipun |
--- [f. 640r] ---
Saragêni sarêng abêdhil | Rahadèn Wiratmêja | mangsah sawadyèku | kinarutug ing sanjata | pangamuke kadya daka tawan kanin | katrajang kèh kabranan ||
17. Dêmang Surataka pan kawalik | turanggane ajrih ing sanjata | miwa[4] Suralêgawane | anglumba kudanipun | pan prabatang kang dèn kakahi | Radèn Wirataruna | nragakên wadya gung | mawur wong măncanêgara | pan angêlud gêgaman lumakyèng wuri | turăngga kèh kabandhang ||
18. pan katunjang dêdamêling wiking | Radèn Arya Malayakusuma | angadhangi ing wadyane | nanging mêksa kalulun | ya ta wau ikang winarni | Rahadèn Wiratmêja | lajêng lampahipun | hèh Dhampak payo nusula | marang uwa rêrepot tugangna aglis | ing turăngga bandhangan ||
19. malah kongsi anumpaka kalih | sêdyanira Radèn Wiratmêja | ing kuda bandhangan akèh | lampahnya lon lumintu | Gunung Kêndhêng kang iring-iring | ngalèr ngilèn lampahnya | anurut wana gung | anjog marang bumi Dêmak | nulya ngilèn angambah tanah Sêmawis | anunjang pabarisan ||
20. samya gugup sagung ikang baris | dening datan amiyarsa warta | yèn pangeran pambujunge | marmanipun akuwur | datan watên ikang ngadhangi | dadya lajêng lampahnya | mring barisanipun | wong Cina ikang tinêrak |
--- [f. 640v] ---
wau ikang bêbujung wus kantun têbih | Radèn Mlayakusuma ||
21. para mantri arsa dèn tumbaki | wangsulira samya gêgancangan | nanging wus têbih kantune | wau ta kang winuwus | Pangran Wiramênggala prapti | pakuwone wong Cina | ingadhangan sampun | tinakenan saurira | isun iki wong dèn sikara angusi | marang kapitanira ||
22. duk sêmana ingaturkên nênggih | marang Kapitan Singsèh ngaturan | pinarak anèng pondhoke | Singsèh lon aturipun | jêngandika wong agung pundi | Pangran Wiramênggala | alon dènnya muwus | manira wong Kartasura | dèn sikara marikinisun[5] angusi | marang ing pêkênira ||
23. nanging umur sapata puniki | lan sagunge anak putuniwang | nênggih kang sun usèkake | Kapitan Singsèh matur | gih pangeran sampun kuwatir | nulya sinungan pêrnah | sinêgahan sampun | Kapitan Singsèh utusan | marang Radèn Martapura tur upêksi | yèn watên palajêngan ||
24. saking nagri Kartasura ngusi | nama Pangeran Wiramênggala | lan Radèn Wiratmêdyane | utusan prapta sampun | sampun katur ikang wêwêli[6] | Singsèh mring Martapura | nanging tan lumaku | Martapura ingaturan | sigra Singsèh ngaturi pangeran aris | pangran sêsarèhana ||
25. dipun sakeca wontên ing ngriki | kawularsa mêdal undhang-undhang [u...]
--- [f. 641r] ---
[...ndhang-undhang] | mring wadya Cina kabèhe | bok wotên kang bêbujung | kula kone anambadani | sajatine Kapitan | Singsèh nyalong[7] laku | mring pondhoke Martapura | sampun prapta kapitan tata aligih | lan Radèn Martapura ||
26. Kapitan Singsèh alon dènnya ngling | kadipundi radèn karsa dika | aprakara pangusine | igih pangran puniku | Radèn Martapura nauri | gih bapak bêgja dika | pangeran puniku | pangusine marang dika | pasthi lamun angegalakên tumuli | pêcahe lêlampahan ||
27. pangran mangke dika wicantêni | abdi sampeyan Cina sadaya | akathah sănggarunggine | yèn tuwan ngungsi tuhu | pan wong Cina sangêt kuwatir | pan lagya mêmêngsahan | wong Cinarsa mupuh | igih kalawan wong Jawa | yèn panduka angungsi-usi[8] sayêkti | angêsrahna gêgaman ||
28. lamun sampun gêgamane kêni | dika arêm-arêm ikang manah | nulya utusana age | angaturana wêruh | marang kanjêng radèn apatih | mangke têtêmbung dika | mila asung wêruh | kawula dhatêng sampeyan | dening Pangran Wiramênggala puniki | wus anèng asta kula ||
29. nanging yèn kongsi alami-lami | bok dèn kaluluti ing wong Jawa | pinrih umadêge ngrajèng | dadya kula pukulun | botên sagêd anuwalani | mêkotên têmbung
--- [f. 641v] ---
dika | nuli dika mantuk | Singsèh alêga tyasira | nulya bubar saking ing pondhoking rèki | Tumênggung Martapura ||
30. sapraptane pakuwoning rèki | Singsèh lajêng mring pagenanira | Pangran Wiramênggalane | alon dènira matur | dhuh pangeran kula puniki | tinangisan wong kathah | saking watiripun | dene maksih mêmêsahan | lan wong Jawa mring panduka sănggarunggi | dening saha gêgaman ||
31. lamun kenging ta panduka gusti | asèlèha sagunging gêgaman | igih kula rawatane | icala marasipun | sakathahe wong Cina gusti | pangeran têka gampang | srah gêgamanipun | amung Radèn Wiratmêdya | lan Pangeran Wiramênggala kang maksih | kalah dhadhu dhuwungan |[9]|
32. sinungga-suga[10] dhahare rèki | sigra Kapitan Singsèh utusan | marang ing Kartasurane | mêsat kang dinuta wus | sigra-sigra lampahnya prapti | ing nagri Kartasura | tan antara masuk | ing wismane Surajaya | wus binêkta seba mring radèn apatih | katur kang punang surat ||
33. tinupiksa têmbunge kantèki[11] | lakung angungun rahadèn patya | anulya sowan ge-age | sapraptaning kadhatun | ingandikan praptèng ngarsa ji | kyana patih manêmbah | punang sêrat katur | saking pun Singsèh Kapitan | tinupiksa lakung wagugên tyas aji | alon dènnya ngandika ||
--- [f. 642r] ---
34. hèh paman paran karsane rèki | pagaweyan iki wus arupak | epatih[12] atur sêmbahe | sumăngga ing pukulun | yèn rèrèha anêniwasi | punapa ingantosan | pun Cina pukulun | pan sampun angsal dangdanan | yèn sandeya karencanga bêbayani | pasthi ngadêgkên raja ||
35. sri narendra angandika malih | iya paman apa ingantosan | nuli lêkasana age | kasupèn ikang rêmbug | yèn angabên anêniwasi | dadya marogèng karsa | ngandika sang prabu | loji ikang êlor paman | isun uwis pracayèng marang sirèki | măngsa bodhoa sira ||
36. dening loji ikang kidul iki | bocah wêdana jêro sadaya | lan Si Rajaniti bae | apatih awotsantun | ngusya suku anulya mijil | sapraptanirèng jaba | pêparentah gupuh | saha masang rakitira | ing ayuda gènnyarsa ngrabasèng loji | wadya ing Kapatihan ||
37. para lurah samya dèn timbali | samya ginanjar arta busana | pan linèlèr sakancane | myang patêdhan sang prabu | ginanjarkên sampun waradin | bêbênting lan rasukan | ana ikang dhuwung | miwah cêlona sakêlat | myang baludru rêrendan pinanji-panji | abra prajuritira ||
38. loji kidul [kidu...]
--- [f. 642v] ---
[...l] ikang dèn rakiti | Kyai Rajaniti aboboka[13] | banon kang kidul lojine | anibanana pukur | Ki Tumênggung Natayudèki | lawan Ki Wirajaya | munggèng Sitiluhur | gêbyog kilèn dèn rubuhna | nibanana mugèng sawetaning loji | dening Ki Wirarêja ||
39. lan Tumênggung Tirtawigunèki | angraksaa anèng Kamandhungan | lawang ngapit bubuhane | wus dadya punang rêmbug | sira radèn rêkyana patih | animbali pugawa | Numbaanyar[14] sèwu | lawan Tumênggung Toyamas | kang sinandi marcayakêna mring loji | kang bantu ing ayuda ||
40. anglurugi Cina ing Bahrawi | ambantoni Arya Prigalaya | kang tugur Salatigane | nênggih sangadinipun | sajatine amukul loji | prajurit Kapatihan | kang arsa dèn adu | prasamya wong pêpilihan | duk sêmana rahadèn rêkyana patih | ngundhangi wadyanira ||
41. para lurah samya mugèng ngarsi | samya ambêkta sakancanira | mugèng palataran andhèr | apan wong pitung atus | prajurit jro ikang ti-ati | samya Dinulangmangap | kang dadar lumintu | kadya panjrahing puspita | kang prajurit busanane warni-warni | abra pênuh ing ngarsa ||
42. katri pugawa pan sampun prapti | Ki Tumênggung Jayasudirga |[15] lawan Mangunnêgarane | myang Yudanêgarèku | sakawane kaliwonnèki | Ngabèi Mangunyuda | punika tinuduh | wus pêpêk nèng ngarsanira | angandika rahadèn rêkyana patih | marang
--- [f. 643r] ---
katri pugawa ||
43. dika pracayakên[16] maring loji | lawan mantri Gawong lawan Kalang | ambantoni ing lakune | Arya Prigalayèku | atur sêmbah pugawa katri | lawan Ki Sutayuda | Si Gunawasèku | iku têtindhih manira | kang sun karya matapitane kang baris | aturna mring kapitan ||
44. Sutayuda kang sampun winisik | lawan Gunawăngsa ing sasolah | kasaru wau praptane | sira Kyai Tumênggung | Rajaniti wus tata ligih | alon ing aturira | kalamun panuju | karsa panduka mundura | ngupadosa ditên kang apênêd benjing | Kêmis ngajêng punika ||
45. wus tinundhung wau pugawa tri | mundur saking ngarsane rahadyan | kantun Ki Rajanitine | alon dènira matur | yèn suwawi pugawa katri | ngakêna bantu yuda | mring Salatigèku | ngagea kaprajuritan | saha bala dimon samya ngati-ati | dening abdi panduka ||
46. angakêna urunan nindhihi | wus panuju rahadèn apatya | myarsa sarêmbug-rêmbuge | ya ta warnanên dalu | sira radèn rêkyana patih | andhawuhkên timbalan | mring katri tumênggung | besuk dina Kêmis enjang | siyagaa binatokakên[17] ing jurit | maring ing Salatiga ||
47. sira Ki Tumênggung Rajaniti | pan sadalu anèng Kapatihan | apan wus matêng rêmbuge | antara tan winuwus | sampun prapta ing ditên Kêmis | enjing samya sandhiya | katri pugawèku | miwah wadyèng Kapatihan | para lurah prapta sakancane rèki | ngrasuk busana yuda ||
48. saha wastranira [wa...]
--- [f. 643v] ---
[...stranira] datan kari | aglar mugèng ngarsane rahadyan | wau pugawa katrine | prapta ing dalêmipun | sira radèn rêkyana patih | alon dènnya ngandika | mring kang pra tumênggung | katimbalan sri narendra | ambantua mring Arya Prigalayèki | marang ing Salatiga ||
49. lawan isun gawani têtindhih | kang prajurit isun jro sadaya | pugawa tri tur sêmbahe | lan malih kang sun tuduh | mantri Gawong Kalang ta sami | nanging ta antènana | ing loji karuwun | apan sun dadak kewala | sun dhawuhi parentah ing wau latri | kadi lamun rubêda ||
50. Ki Sutayuda ikang tinuding | lawan Gunawăngsa marcayakna | maring pugawa katrine | kang winisik ing laku | ing timbalanira apatih | hèh sira ajangjia | lan Si Goplêm iku | sangadia atêtanya | ing praptane ing Kalang Gawong puniki | Si Goplêm sumaura ||
51. yèn gêgaman Kalang dèrèng prapti | lamun uwis mêtu kaping tiga | nuli bocah isun kabèh | samya barênga anduk | dene ikang ngrabata kori | kakang Wirakusuma | lan Surayudèku | dene sira Sutayuda | Gunawăngsa dhingin ngamuka jro loji | lawan kang puga[18] tri |[19]|
52. poma padha dèn angati-ati | anglakoni parentah narendra | para lurah sadayane | sandika aturipun | kumarubut samya ngabêkti | angaras ing suku sang | mangusap ing lêbu | rahadèn patih ngandika | sun nyangoni ing salamêtira mangkin | mundur kang para lurah ||
153. Durma
[Tumenggung Jayasudirga, Mangunagara, Jasanta, Natayuda tiwas amargi anggecak loji kumpeni.[20]]
1. sigra wau rahadèn rêkyana patya | miyos paseban malih |
--- [f. 644r] ---
amanggihi sira | marang katri pugawa | pan sampun winêling-wêling | amit tur sêmbah | budhal sagunging baris ||
2. panganjure mantri sèwu Numbakanyar | wadya Toyamas wuri | nulya kasambungan | prajurit Kapatihan | busananya warni-warni | lir puspita bra | ikang lumakyèng ngarsi ||
3. ingaranan atusan wong Jayantaka | anulya anambungi | wong Jayamênggala | nulya wong Jayèngastra | wong Narataka nambungi | ing wurinira | nulya wong Jayènglatri ||
4. nulya wong Tanpagêmbung sumambung wutat | wong Tanparaga malih | wong Sêcanirbaya | lan wong Sêcanirmala | kang mugèng wurine malih | wong Jayaprusa | nêngguh kang anambungi ||
5. ing wurine ingaran wong Kapêtêngan | sikêp sanjata karbin | waos cêcebolan | nulya wong Pêpundhutan | pilihan măncanêgari | Suradidaa[21] | nênggih kang anindhihi ||
6. Mangunnonêng nindhihi wong Kapêtêngan | lawan Ki Sardulèki | lan Ki Nayagarwa | sadasa para lurah | wolung dasa sadayèki | momonganira | samya kinati-kati ||
7. lampahira wadya sèwu Numbakanyar | prapta ngarsaning loji | kang ngirid gawanira |[22] mingêr ngilèn lampahnya | ing Kawiragunan prapti | pugawanira | samya lumêbèng loji ||
8. para mantri panèwu kaliwonira | milya malêbèng loji | dening barisira | anèng lêlurung aglar | kang wadya radèn apatih | kèndêl sêmana | mugèng ngarsaning loji ||
9. sawetane ing waringin kurung aglar | wau pugawa katri | sampun têtabean | lawan sira kapitan | Kyai Mangunagarèki | Tumênggung Jaya- | sudirga lawan malih ||
--- [f. 644v] ---
10. Ki Tumênggung Yudanagara Toyamas | lan kaliwone rèki | sira Mangunyuda | sampun tata alênggah | lan dutanira apatih | Ki Sutayuda | lawan Gunawăngsèki ||
11. Sutayuda umatur marang kapitan | marakên[23] tabenèki | rahadèn apatya | lawan katri pugawa | binantokkên ing ajurit | mring Salatiga | nanging maksih anganti ||
12. mantri Kalang Gawong ikang dèrèng prapta | kapitan trima kasih | alon dènnya ngucap | mêngko yèn uwis prapta | apanggiha lawan mami | sun arsa miyat | marang sagunging baris ||
13. kang bantu prang kang mukul Cina Bahrawa | Ki Mangunnagara ngling | adhi Sutayuda | dawêg dika pariksa | punapa ta sampun prapti | wong Gawong Kalang | Ki Sutayuda mijil ||
14. atêtanya mring lurah wong Jayataka | Gomplêm[24] sumaur aris | igih dèrèng prapta | mantri Gawong lan Kalang | Sutayuda wangsul aglis | matur kapitan | gih tuwan dèrèng prapti ||
15. samya kèndêl wau ikang kawuwusa | pugawa ing jro sami | miranti sadaya | ikang mantri Kaparak | jêjêl anèng ing Sitigil | gêgamanira | sinamur tan katawis ||
16. Ki Tumênggung Natayuda Wirajaya | wus samya nèng Sitigil | lan Tirtawiguna | Tumênggung Wirarêja | samya ngraksa kori gapit | ing jro pasowan | wadya Gêdhong miranti ||
17. Ki Tumênggung Rajaniti sawadyanya | sêmana pan wus wiwit | ambabok[25] kaleyan[26] | sêdya anglambung yuda | wau kang winuwus malih | sira kapitan | lawan pugawa mantri ||
18. dangu nganti ing praptane mantri Kalang | kapitan tanya malih | punapa wus prapta | wong Gawong lawan Kalang | Ki Sutayuda
--- [f. 645r] ---
gya mijil | wangsul sakala | matur yèn sampun prapti ||
19. Ki Tumênggung Mangunnagara kalawan | Jayasudirga angling | hèh tuwan punika | wong Kalang sampun prapta | punapa karsane rèki | angling kapitan | kula arsa pêpanggih ||
20. isun arsa tabean lan asung arak | ing sagêlas ta mangkin | ya ta kawarnaa | lêlurah Jayataka | pangrasanira yanênggih[27] | Ki Sutayuda | sampun mêdal ping katri ||
21. Walandane waringin batur sinipat | ing sanjata tan kêni | agundam lumajar | marang loji sêmana | kapitan kagyat miyarsi | sarta angucap | ika bêdhil punapi ||
22. sigra Sutayuda lawan Gunawăngsa | karo anarik kêris | agoco kapitan | sigra dènnya malompat | kapitan anyandhak kursi | atangkis sarya | akèn anutup kori ||
23. migah marang lotèng cêluk marang pudhakira |[28] kang anèng kamar sami | apan kalih dasa | sami wong têtumbasan | samya ngagêm pêdhang cundrik | lami miyarsa | mila ati-ati |[29]|
24. samya kuwur wong Jawa untêl-untêlan | wau pugawa katri | anarik curiga | nanging tanpolih papan | tinunjang-tunjang wadya lit | wong têtumbasan | pudhak samya ngamuki ||
25. ting balulung samya ngulati dêdalan | gènira arsa mijil | samya binêdhilan | saking lotèng kyèh pêjah | wau kang anèng ing jawi | pan binêdhilan | mriyêm sing Baluwarti ||
26. pan malêdug samya angusi jêjurang | kêrtêg andhaping kali | sira Surayuda | lawan Wirakusuma | pêksanya angrêbat kori | pan katadhahan | katulak drêsing mimis ||
27. wus lumalya ya ta
--- [f. 645v] ---
pugawa têtiga | kang maksih jroning loji | taksih bilulungan | tan ana akiwula | saking lotèng dèn bêdhili | kang saking ngandhap | pudhak samya ngamuki ||
28. wong Kumpêni ngumpul mring lotèng sadaya | eca dènnya bêdhili | pan wus kathah pêjah | wong Jawa lêng-ulêngan | Jayasudirga wus kanin | Mangunnagara | prasamya dèn popori ||
29. Ki Tumênggung Yudanagara Toyamas | miyat pugawa kalih | yèn wus katriwandhan | sigra dènnya lumajar | nusup lêlopongan[30] bêdhil | lumompat mêdal | kapurancang dèn byuki ||
30. awakira rêmuk dening kapurancang | wau pugawa kalih | Ki Tumênggung Jaya- | sudirga wus palastra | lawan kaliwone rèki | myang sêntananya | tumpês tan ana kari ||
31. myang Tumênggung Mangunnagara wus pêjah | warnanên ing Sitigil | Ki Tumênggung Natayuda |[31] lawan Ki Wirajaya | miyarsa syaraning bêdhil | hèh batur kănca | payo kari ing kardi ||
32. gêbyog kulon iku payo rubuhêna | dyan rinubuhkên aglis | Kumpêni garjita | sigra wau Kaparak | wong Saragni sarêng bêdhil | Kumpêni tadhah | rame bêdhil-binêdhil ||
33. Ki Tumênggung Rajaniti wadyanira | bata dipun andhani | kawatir ing yuda | tan nganti bêdhahira | ing bata samya ngandhani | prapta ing ngandhap | dêmang kondurna rèki |[32]|
34. lajêng ngamuk wus pêjah dening sanjata | kancanira ningali | tan wontên kang tahan | wangsul malarod mêdal | sigra kang wadya Kumpêni | kotbuta
--- [f. 646r] ---
mangsah | migah marang Sitigil ||
35. rêrubuhaning gêbyog ing marganira | kuwur wadyèng Sitigil | akathah lumalya | Tumênggung Natayuda | wus aniyat mati sabil | panggah ing rana | binendrong dening bêdhil ||
36. ikang wadya Kaparak kuwur tatanya | kantun kang para mantri | Ngabèi Jasanta | lawan Asmaradana | Tumênggung Natayudèki | sinipat kêna | jajane wus ngêmasi ||
37. Ki Ngabèi Asmaradana kalawan | Jasănta arsa pulih | mapan tinadhahan | sinipat ing sunapan | Asmaradana wus kêni | lambunge kanan | niba wus angêmasi ||
38. gusis wadya kang anèng ing Sitibêntar | sigra wadya Kumpêni | mundur ngumpul samya | loji lor sêdyanira | wus mêdal sarowangnèki | galong lampahnya | ing alun-alun prapti ||
39. ya ta wau Ki Tumênggung Wirajaya | kang lagya angayumi | ing wadya Kaparak | nèng kidul pamacanan | miyat ing wadya Kumpêni | angalèr mêdal | sigra kinèn nututi ||
40. tinututan binêdhilan saking wutat | kacandhak kang kêkalih | kang kantun lumalya | praptèng loji lor samya | wus angumpul bangsanèki | kang kawarnaa | radèn rêkyana patih ||
41. sarêng myarsa wau syaraning sanjata | angrasuk busana glis | sakapraboning prang | têdhak marang paseban | wadya sakantune rèki | sampun siyaga | aglar ngarsaning gusti ||
42. angandika gugup rahadèn apatya | hèh Surajaya aglis | bocah kêbutêna | payo têtulung
--- [f. 646v] ---
yuda | budhal wadya tan asari | sapraptanira | ing galedhegan jawi ||
43. pan kapêthuk saking wadya kapalalya | Ki Surayuda aglis | anungkêmi pada | matur sarwi karuna | dhuh gusti tiwas kang abdi | pan kawanguran | tan kongsi malbèng loji ||
44. gih pun paman Mangunnagara palastra | igih kula watawis | myang Jayasudirga | miwah samantrinira | kang sampun kalêbèng loji | tumpês sadaya | kadya tan angodhili ||
45. abdi dalêm kang badhe kabên sadaya | tan kongsi marêpêki | kori kakriyinan | Kumpni kasêlak wikan | pan igih gusti kang mawi | abdi sampeyan | pun Goplêm jêjaruhi ||
46. dèrèng dhatêng gusti ikang prajajeyan | nulya bêdhil Kumpêni | satugil tan kêna | lugyèng wringin binata | mila kang wadya Kumpêni | atangkêb lawang | pan sarwi ambêdhili ||
47. adhuh gusti suwawi tuwan kondura | marang dalêm kariyin | apirêmbagana | lan sagunging pugawa | pan sampun tiwas ing jurit | yèn têtulunga | sêsulung labuh[33] gêni ||
48. sarêng myarsa ing ature Surayuda | duka radèn apatih | sêmutên kang jaja | sumung-sumung ing nala | yèn katingala tumuli | Goplêm pinatyan | dipun asta pribadi ||
49. nulya kondur rahadèn rêkyana patya | wuwusên jroning loji | pugawa kang pêjah | dhuwunge ingambilan | katur kapitane rèki | kunarpanira | samya binucal kali ||
50. datan agop mariyêm ing kering kanan | wau dènira bêdhil | nulya pêparentah | radèn rêkyana patya | mring sagunging pra dipati | kinèn ngêpunga [ngêpung...]
--- [f. 647r] ---
[...a] | angangsêg lawan biting ||
51. sigra radèn rêkyana patyarsa sowan | marang ing dalêm puri | mingêr lampahira | sapraptanirèng pura | ingandikan praptèng ngarsi | sri naranata | mèsêm ngandika aris ||
52. kaya ngapa ta paman bubuhanira | dening anêniwasi | apatih tur sêmbah | ngaturkên pêjah gêsang | gumujêng sri narapati | patih tur sêmbah | pukulun ikang mawi ||
53. wontên abdi dalêm gusti ikang edan | dèrèng prapta ing jangji | lêbête sadaya | kang badhe ngabên ing prang | nulya anyipat Kumpêni | alon ngandika | sang nata èsmu kikin ||
154. Asmaradana
[Pangéran Wiramênggala lan radèn Wiratmeja kaperjaya déning arya Dikara. Kapitan Sapanjang, Cina paplajengan saking Batawiyah badhé suwita dhateng sang prabu ing Kartasura.[34]]
1. ya wis ta paman apatih | apa ikang winicara | ya paman kang wis kalakon | balik sira kokonana | marang ing Martapura | lan bocah jro Martalulut | barênga kokonanira ||
2. nuli pundhutên tumuli | kakangmas Wiramênggala | marang Si Kapitan Singsèh | sira pan wis kalampahan | paman uwis pratăndha | rahadèn patih wotsantun | pukulun atur kawula ||
3. abdi dalêm kang abaris | kang wontên ing Salatiga | pun Arya Prigalayane | lêhêng gusti tinimbalan | lan pun Mlayakusuma | igih ikang abêbujung | ing Pangran Wiramênggala ||
4. ngandika sri narapati | iya kabèh timbalana | sandika tur sêmbah lèngsèr | sapraptanira ing jaba | sigra dènnya mêmatah | kang duta wus lumastantun | lawan Ki Arya Dikara ||
5. ing marga datan winarni | wus prapta nagri Sêmarang | ing pakuwonira Singsèh | dhinawuhkên kang timbalan- | ira sri naranata | pangeran ikang pinundhut |
--- [f. 647v] ---
Kapitan Singsèh sumăngga ||
6. kalakung suka kang galih | pinatêdhanan uninga | sira pun Kapitan Singsèh | yèn loji sampun ginêcak | myang Radèn Martapura | Pangran Wiramênggalèku | lawan Radèn Wiratmêjya ||
7. sêmana wus dèn têlasi | apan Ki Arya Dikara | nênggih wau kang anglawe | kunarpanira pinêtak | anèng Ardi Pragota | putranira ikang timur | pangeran ing Têpasana ||
8. nênggih Radèn Mas Garêndi | punika tan kauningan | Radèn Sarada rowange | sutane Jayakusuma | kalih tan katlikuran | dening maksih sami timur | pinupu marang wong Cina ||
9. pun Êtik ikang ngrawati | saking dening wlas tumingal | marang radèn mas kalihe | tinitipakên sêmana | nèng padhusunan Dêmak | lakung dening kawlasayun | kalih samya sabèng wana ||
10. gêntya kawuwusa malih | Radèn Malayakusuma | wus bubar saha balane | mantuk marang Kartasura | lan Arya Prigalaya | tuwin Tumênggung Sidayu | pan sarêng dènira budhal ||
11. Arya Dikara narêngi | Tumênggung Sêcadiningrat | ing Sidayu sabalane | anyakirang[35] lampahira | margi dènira gepak | sêdya mantuk mring Sidayu | apan wêlinge kang rama ||
12. Pangran Cakraningrat uning | yèn sang nata mêmusuhan | lawan Kumpêni dèn age | sira kacung amoroda | upami musuh Cina | ayya gigang aprang pupuh | matia ngayahan yuda ||
13. wus prapta Kartasurenjing | Radèn Arya Prigalaya | miwah Arya Dikarane | myang Radèn Mlayakusuma | lajêng sarêng ngandikan | prapta ngarsane sang prabu | katur
--- [f. 648r] ---
ing sasolahira ||
14. Pangran Wiramênggalèki | lawan Radèn Wiratmêjya | wus palastra sakalihe | kinubur Ngardi Pragota | boyongan kathahira | sawidak katur sang prabu | lêga manahing narendra ||
15. nanging ta kang dadya pikir | igate Sêcadiningrat | pasthi lamun pambalike | adipati ing Mandura | apan sakit ing driya | dening ta nora tinantun | duk rêmbag amangun yuda ||
16. mêngkana radèn apatih | apan arsa pirêmbagan | lan pugawa sakathahe | aprakara kang rinêmbag | dening tatilarira | pugawa kalih kang lampus | Tumênggung Jayasudirga ||
17. atilar suta lit-alit | têtiga lan sami priya | dèrèng kuwawi ing gawe | dening ta maksih arungan | marma ikang rinêmbag | iya Radèn Singaranu | yogya katura narendra ||
18. agêntosana lêligih | Tumênggung Jayasudirga | dening kasandhangan gawe | dening Ki Mangunnagara | sutane wus diwasa | dadya katur ing sang prabu | sampun kinulawesuda ||
19. mêngkana rahadèn patih | utusan amundhut Cina | marang ing Kapitan Singsèh | kang badhe ingabên yuda | pan sampun ingaturan | nênggih Cina gangsal atus | sakawan kapitanira ||
20. pun Êping Bulung satugil | kêkalih lawan pun Leyang | pun Êtik lawan pun Êpo | wus praptèng ing Kartasura | pan lajêng tinimbalan | prajurit Cina tumanduk | marang dalêm Kapatihan ||
21. panggih lan radèn apatih | sadaya wus têtabean | wong Cina ingaturake |
--- [f. 648v] ---
tabene kapitanira | radèn patih ngandika | iya apa wartanipun | dènira prang i Sêmarang ||
22. Pi Pulung[36] umatur aris | aprakawis pun Sêmarang | sampun tuwan walang galèh | sêmăngsa dipun rêmêda | pasthi lêbur sadaya | Kumpêni sadarbèkipun | wus samya anèng samodra ||
23. apan igih angantosi | pukulun lurah kawula | nênggih pun Kapitan Singsèh | igih timbalan sampeyan | tuwin jêng sri narendra | anênggih samangsanipun | apan loji ing Sêmarang ||
24. gumujêng radèn apatih | alon dènira ngandika | ing kene kaya pariye | pan wus kêmput biting iwang | matur prajurit Cina | lakung ing karsa pukulun | kawula darmi lumampah ||
25. tuwan andikakna nênggih | angamuk dalu sandika | tuwin ing siyang wusdene | apan ta kawula sêdya | lêbura ing ayuda | anglampahi ing satuduh | sampeyan lawan sang nata ||
26. suka dènira miyarsi | alon dènira ngandika | iku ta aja mêngkono | saenak-enaking lampah | sira yya kongsi rusak | sukèng tyasira umatur | sagunging prajurit Cina ||
27. igih ta lamun suwawi | sampeyan sugih sanjata | mariyêm kang gêdhe-gêdhe | kula kêpunge kewala | biting kinarya ngrupak | sinanjata saking luhur | ing Baluwarti punika ||
28. wontêna kang kantun nênggih | sisane ing mimis benjang | kula lêbêti kemawon | kula muk kalawan pêdhang | abir rintên kewala | pasthi tumpês datan kantun | kawula idêk kewala ||
29. ngandika radèn apatih |
--- [f. 649r] ---
gampang wong angamuk wuta | yèn uwis kari sapele | pikirmu kang mau ika | iya isun prayoga | saksana sarêng tinundhung | pinêrnah ing pamondhokan ||
30. dening sagung pra dipati | sampun kêmput bètèngira | angangsêg kalawan tombok | sagunging prajurit Cina | samya nuhun sang nata | mariyêm kang agung-agung | kenginga dinamêl yuda ||
31. Kumbarawa Kumbarawi | lawan Kumba Anikumba | sang nata pangandikane | wong Cina angumahana | Subrastha Sagrawana | miwah mriyêm Ki Pamêcut | wong Sragêni kang ajaga ||
32. anênggih Ki Gunturgêni | wong Cina ikang ajaga | saksana sarêng ingisèn | wowotanira sinêngka | Kyai Gunturdahana | sabên-sabên patang puluh | kati pan obat kewala ||
33. mangkya gènira ngisèni | wonglun puluh kati sigra | mimis pinêksa lêbune | wong Saragêni angucap | Êncik iku kakehan | pan dudu wowotanipun | mênawa kapara tiwas ||
34. prajurit Cina nauri | mênênga kang ora-ora | basa wong Jawa mêngkono | iya nora tau aprang | nora kaya wong Cina | pan wis gêgarapanipun | sawusira ingisenan ||
35. anulya wadya Sragêni | Subrastha Sagarawana | sarêng sinumêd kalihe | tibèng loji mimisira | rug kang punang leleyan[37] | kagyat Wêlănda agugup | sigra malês anyênjata ||
36. mariyêm anganan kering | syarane lir rug kang arga | apan kadya nyirnakake | ing bumi langit [la...]
--- [f. 649v] ---
[...ngit] kang arga | ya ta prajurit Cina | Kumba Anikumba sampun | Kumbarawi Kumbarawa ||
37. nulya sinumêdan aglis | ing loji ingarah-arah | prasamya rêmêk kalihe | tan kenging pining kaliha | myang Kumba Anikumba | samya rêmak kalihipun | Ki Gunturgêni saksana ||
38. ingungêlakên sira glis | marang ing prajurit Cina | mungêl lambungipun jêbol | kang numêd kapalêsatan | kenging sirahe paras | kèndêl katur mring sang prabu | lakung wagugên ing driya ||
39. sigra matêdhani paksi | ing radèn rêkyana patya | lakung ngungun ing jro tyase | nanging sinamun ing netya | sigra apêparentah | ngangsêg marang pugawa gung | lan kinèn ngatos-atosa ||
40. Kumpêni datan udani | yèn wong Jawa kasusahan | datan agop mariyême | wadya Kartasura susah | dene mimis kyèh tiba | ing pomahan myang kadhatun | obang-abing mimis sawat ||
41. sagung ikang pra dipati | samya ngangsêg bitingira | prasamya mênêdi tembok | kang ajaga anèng luwang | nênggih kang kawuwusa | wontên Cina kapalayu | saking nagri Batawiyah ||
42. nanging wong Jawa tan uning | yèn Cina pêpalajêngan | Kapitan Panjang namane | praptèng nagri Kartasura | sêdya sowan sang nata | bêbêktane Cina sèwu | sira Kapitan Sapanjang ||
43. marêk ing radèn apatih | apan sampun têtabean | rêkyana patih dêlinge | sira saking Batawiyah | paran wartaning kana | gènira adon apupuh | matur Kapitan Sapanjang [Sapa...]
--- [f. 650r] ---
[...njang] ||
44. pan taksih rame ajurit | dèrèng wontên kang kasoran | marma kawula marene | anuwun idining nata | tuwin idi sampeyan | radèn patih ngandika rum | gampang wijile paminta ||
155. Mijil
[Kapitan Sapanjang saha wadya Kartasura badhé anggecak kumpeni ing loji. Kumpeni ing loji dipunpandhégani kapitan Lapèl ngaturaken pejah gesang dhumateng sang prabu ing Kartasura.[38]]
1. katêmèng wuri wong anjaluk idin |[39] sêsukêring katong | pan ing kene iya maksih akèh | sêsukêr dalêm pan durung rêsik | bêrsihana dhingin | Sapanjang umatur ||
2. yèn mêkatên karsatta[40] pan igih | sampun walang ados | abdi dalêm Cina sadayane | alah pêjah watên ing Batawi | pan lakung utami | pêjaha pukulun ||
3. wontên karsanira sri bupati | ingayahan katong | nanging lilah panduka ing mangke | amanggihi băngsa kula mangkin | Cina kang wus lami | nèng ngriki pukulun ||
4. lèngsèr saking ngarsane apatih | kinèn amakuwon | pinrênah wetaning kadipatèn | ambèr angetan ing Gumpang prapti | Sapanjang wus panggih | lan Êncik Ping Bulung ||
5. pun Êncik Eyang[41] lan pun Êncik Êtik |[42] myang pun Êncik Êpol | pun Sapanjang angina sêmune | umiyat maring rakiting loji | dening lakung cili | Cina wong Jawa gung ||
6. wau rahadèn rêkyana patih | sowan mring kadhaton | ngaturakên Sapanjang praptane | myang aturira katur nrêpati | ngandika sang aji | amaringi sampun ||
7. yatra sèwu lan jêjarit putih | kalih dasa kayoh |
--- [f. 650v] ---
sinjang cêmêng sapuluh kayuhe | sigra mêdal sira radèn patih | saking dalêm puri | praptèng dalêmipun ||
8. Kapitan Panjang wus dèn timbali | pinanggihan regol | pinaringkên patêdhaning rajèng | lakung dènira tarima kasih | tan sagêd mangsuli | pêjah gêsang katur ||
9. wus tinundhung ing rahadèn patih | kinèn amakuwon | sapraptanira ing pakuwone | wus binage patêdhan narpati | yatra myang jêjarit | sadaya wus dinum ||
10. tan winarna dalu pêndhak enjing | prajurit Cina ngrok | pan Kapitan Panjang sabalane | sowan marang rahadèn apatih | atabean sami | wus tata aluguh ||
11. pun Sapanjang anênuwun kardi | mênggahing palugon | rêkyana patih alon dêlinge | kayaparan rakitira jurit | apan ta wus dadi | pikir lambang sampun |[43]|
12. pun Sapanjang aturira aris | igih sampun dados | kula nuhun mring sampeyan mangke | lakar kang agêng-agêng lan bêsi | igih yèn prayogi | kula damêl undhuk ||
13. undhug[44] punika kula sukani | galindhingan larog | pan wong Cina kang wontên rekane | igih sadaya cêlêka loji | yèn sampun angrampid | kula kèn angamuk ||
14. sawêdale saking undhuk sami | tumampèla banon | angrasanga mènèk lalahane | ingamuk kalawan pêdhang abir | amajua katri | dêdimone bingung ||
15. lawan malih kawula miyarsi | wong Cina kawartos |
--- [f. 651r] ---
ngajêng loji pan wontên borange | pan dinamêl borang lading gapit | pangot lawan sêking | igih wartinipun ||
16. kula nuhun kapal jalu èstri | kang kathah lan kêbo | ngajêng undhuk punika ênggène | dimon kêrah kidag-kidag[45] sami | borang lading gapit | dêdimone lêbur ||
17. angandika rahadèn apatih | ya prayoga ingong | agawea undhuk dipun age | yèn wus dadi awèha upêksi | nuli sun paringi | kudèstri lan jalu ||
18. pun Sapanjang mundur awotsari | mantuk mring pakuwon | radèn rêkyana patih nulya ge | mundhut kayu mring wong Kalang prapti | kinèn mringkên aglis | ing Sapanjang sampun ||
19. Sapanjang sigra kajêng wus prapti | lakar myang galondhong | dyan Sapanjang suwarèng balane | samya karya undhuk siyang latri | gêntya kang winarni | nênggih kang kinêpung ||
20. kang jro loji sawadya Kumpêni | katêndhagan uwos | lakung prihatin Kapitan Lèngpèl[46] | agunêm lawan lutnanirèki | Langpèl Pilês nênggih | kapitan amuwus ||
21. kayaparan dayanira iki | batur wis kalêson | yèn agunga kinêpung mêngkene | nora wande mati datan bukti | lan prang dudu tandhing | karubuhan gunung ||
22. Pilpangwèlês alon anauri | tan sagêd miraos | ing ayuda dede sasamane | pikir punika kalih prakawis | pundi kang pinilih | urip lawan lampus ||
23. lamun tuwan arsa malih[47] pati | igih
--- [f. 651v] ---
sami magok | linawanan aprang salamine | lêbur luluha aja gumisir | enak milih urip | dawêg sami nungkul ||
24. wus dadya kang rêmbag atur tulis | marang sang akatong | kuli-kuli wau kang kinèkèn | ingopahan salawe wus prapti | bitingan wong Jawi | pan alampah pandung ||
25. surat ngucalakên jroning biting | wangsulnya palayon | kawarnaa wau ing enjinge | kang ajaga biting aningali | layang gya ingambil | tinon lamatipun ||
26. badhe katur ing jêng sri bupati | sigra lampahnya wong | tur uninga mring kya patih age | lamun wontên sêrating Kumpêni | lamatipun nênggih | katur ing sang prabu ||
27. wus tinampan mring rêkyana patih | lamatira tinon | èstu katur marang sang arajèng | sigra nuduh rahadèn dipati | marang ing jro puri | nyanthèlakên atur ||
28. mring Tumênggung Tirtawigunèki | katura sang katong | duta patih lampahira age | prapta ing Srimênganti wus panggih | Tirtawigunèki | punang surat katur ||
29. lajêng katur ing sri narapati | binuka wiraos | aturipun pun Kapitan Lèngpèl | nuhun apuntên sri narapati | lan watêna aglis | parentah sang prabu ||
30. abdi dalêm Kumpêni tan bukti | kawula nuhun wos | igih sampun alami towonge | sri narendra mèsêm amiyarsi | pinaringkên maring | Tirtawigunèku ||
31. kinèn ngasul-angsuli dèn aglis | tur sêmbah kang kinon | saking jroning
--- [f. 652r] ---
puri nulya olèh | anurat angsul-angsul wus dadi | pinaringkên nuli | kapagih ing ruhun ||
32. kinèn balangna ngarsaning loji | umêsat kang kinon | praptèng biting gya binalangake | tiba watên sangarsaning loji | Kumpêni miyati | binandhulan watu ||
33. winêdalan maring pundhak aglis | srat binêkta mring jro | sampun katur ing Kapitan Langpèl | juru basa pinanggil wus prapti | dyan winaca aglis | bêbukaning têmbung ||
34. kapitan sira akirim tulis | wus katur maringong | sun kawruhi aturira kabèh | nanging mêngko ya wis nora kêni | sagung pra dipati | kabèh aturipun ||
35. wus mupakat wanining Kumpêni | cape ana kono | pra dipati capi rinerèntèng |[48] wite saking ing sira pribadi | kang agawe wani | mring pugawanisun ||
36. lakung onêng kapitan miyarsi | luhira drês miyos | Luknang Pingpangpèlês lon ature | adhuh sampun kêkathahan pikir | dawêg dèrèng mati | yèn sêdya anungkul ||
37. sampun rêmbag dadya atur pati | urip mring sang katong | sigra dènnya amanggil Salomprèt | kang pinanggil prapta wus winêling | kinèn mêdal nuli | kapitan amuwus ||
38. angadêgêna gandera putih | panjêrên dèn katon | kang tinuduh sigra pangambile | wus pinanjêr sangajênging kori | wong kang anèng biting | kagyat samya dulu ||
39. aningali ing gandera putih | gumêrah samya [sa...]
--- [f. 652v] ---
[...mya] lok | kang satêngah surak rame-rame | ya ta kagyat kang bala Kumpêni | pan ciptane galih | dènirarsa nungkul ||
40. tan tinarima marang wong Jawi | prasamya mirantos | samya ngadhêpi ing mariyême | dangu-dangu wong Jawa inganti | tan wontên abêdhil | kapitan amuwus ||
41. marang Salomprèt mêtua aglis | sigra dènnya miyos | apan sampun nêlas wêwêlinge | pun salomprèt sarwi mêrbês mili | tan anyipta urip | praptèng biting sampun ||
42. wong Jawa samya kagyat upaksi | kang sawanèh alok | ana Wêlănda siji marene | payo batur kinêpung dèn aglis | Salomprèt nauri | pan insun ingutus ||
43. seba marang rahadèn apatih | mring kapitan ingong | mara aturêna isun age | marêk ing radèn rêkyana patih | kang ngêpung nauri | wêdi gawa isun ||
44. yèn maksiha unjaran sirèki | yèn têmên kinongkon | isun bănda sira dhingin mangke | pun Salomprèt alon dènira ngling | bandanên sun iki | nanging tangan isun ||
45. aja sira talèni nèng wuri | iya tangan ingong | talènana ana ngarêp bae | dimèn bisa manira wotsari | dyan binănda aglis | tangane nèng ngayun ||
46. wus binêkta sowan mring ki patih | ingurung-urung wong | praptèng dalêm Kapatihan age | katur marang ing rêkyana patih | sigra dèn panggihi | Salomprèt umatur ||
47. andharodhog sarwi mêrbês mili | timpuh
--- [f. 653r] ---
sarwi dhepok | mêgap-mêgap kasusu sêmbahe | kula ingutus abdi ta gusti | pun kapitan nênggih | sa-Kumpêninipun ||
48. arsa ngaturakên pati urip | dhatêng sang akatong | tuwin dhatêng ing sampeyan mangke | angandika rahadèn apatih | antènana dhingin | isun canthèl atur ||
49. gya winêling kang duta lumaris | praptèng Srimêngantos | panggih lawan Tirtawigunane | sampun katur saaturing rèki | ingaturkên aglis | dhatêng sang aprabu ||
50. saaturira rêkyana patih | ngandika sang katong | ya warahên si paman dèn age | măngsa bodhoa ênggone pikir | wus pracaya mami | nanging ta dèn emut ||
51. bokmênawa gunaning Kumpêni | apa sang mirantos | kang tinuduh sigra dènnya lèngsèr | sapraptanira ing Srimanganti | wau duta patih | dhinawuhan sampun ||
52. sigra mêngsat duta patih prapti | Kapatihan kang wong | dhinawuhkên timbalan sang rajèng | angandika rahadèn apatih | Salomprèt dèn aglis | muliha sirèku ||
53. lah warahên kapitaning rèki | dening wêkas ingong | lamun nyata abêkti dhèwèke | sakumpênine tur pati urip | marang ratu mami | besuk pukul pitu ||
54. mêtua saking sajroning loji | ayya na pêrabot | tumbak bêdhil dèn bokoka kabèh | pun Salomprèt sigra awotsari | saking ngarsa patih | sigra lèngsèr sampun ||
--- [f. 653v] ---
55. gurewalan praptèng ngarsa loji | Kumpêni samya non | ing praptane wau pun Salomprèt | nulya sigra winênganan kori | praptèng ngarsanèki | kapitan amuwus ||
56. padha salamêt lakunirèki | tan ana kaduwon[49] | pun Salomprèt alon ing ature | igih timbalan rêkyana patih | warahên dèn aglis | ya kapitanamu ||
57. lamun tulus ngaturakên bêkti | marang ratuningong | apadene saha Kumpênine | ambongkoka pêdhang lawan bêdhil | mêtua ing benjing | wayah pukul pitu ||
58. Kapitan Langpèl miyarsa angling | sigra dènnya taros | Lutnang Pilpangpèlêm ing ature | igih sampun kêkathahên pikir | aran sêdya mati | suwawi tur madu ||
156. Dhandhanggula
[Nagri Pasisir lan Madura badhé anggecak kumpeni ing loji Surabaya. Kapitan Lapèl dipunpejahi. Wadya Kartasura kabiyantu kapitan Sapanjang perang mengsah kumpeni ing Semarang.[50]]
1. Kapitan Langpèl sigra ngundhangi | marang sagunging Kumpêninira | ambongkok pêdhang bêdhile | lawan sakèhing dhuwung | bandhangane kang pra dipati | myang mantri sadayanya | kinumpulkên sampun | dinadosakên sawadhah | mugèng pêthi ing dalu datan winarni | ya ta wuwusên enjang ||
2. wus parentah rahadèn apatih | marang sira Arya Prigalaya | prakawis Kapitan Langpèl | myang Kumpêni sadarum | lamun mêdal kinèn manggihi | Kumpêni kawarnaa | wanci pukul pitu | mêdal sadaya pan aglar | samya bungkak[51] tapiyone ngarsa loji | saha bokokanira ||
3. katingalan kang ajaga biting | sira Arya Radèn Prigalaya | anuduh marang dutane | kinèn nimbali gupuh | marang sagung bala Kumpêni |
--- [f. 654r] ---
kang tinimbalan sigra | wau lampahipun | dening cacahe sadaya | pan kalima bêlah cacahing Kumpêni | prapta ing ngarsanira ||
4. Arya Prigalaya wus apanggih | lutnang kapitan atêtabean | akucêm paraupane | myang sukêtarisipun | samya nêmbah lakung mèt asih | sirarya Prigalaya | alon dènnya muwus | sira antia sakêdhap | manirarsa tur uninga radèn patih | anuwun kang parentah ||
5. duta mêsat tan adangu prapti | katimbalan rahadèn dipatya | kinèn bage sadayane | mung si kapitan iku | radèn arya parentah mami | iya kang agadhuha | Luknang Pilpang iku | si kakang Tirtawiguna | sukêtaris iya kakang Rajaniti | iku kang agadhuha ||
6. dening sagung kang bala Kumpêni | dèn bagea sagung kang pugawa | anulya dhinawuhake | iki timbalanipun | kinèn bage bala Kumpêni | kapitan aturira | tan lêngganèng kayun | sanadyan dèn pêjahana | pan sumăngga tan angraos darbe urip | pêjah gêsang sumăngga ||
7. balik badan kawula puniki | wontên sapa sitên kang gadhaha | Rahadèn Prigalayane | alon dènira muwus | dika watên kula pribadi | dening si bapa Lutnan | Pilpang ênggènipun | ing paman Tirtawiguna | sukêtaris watên paman Rajaniti | puniku kang timbalan ||
8. dening Kumpêni kang alit-alit | dinum marang sagunging dipatya | nulya kapitan angawe | marang Kumpêninipun | pan sadaya wus praptèng ngarsi | sukêtaris turira | kawula sung wêruh | dhuwunge kang pra dipatya | tuwin mantri [ma...]
--- [f. 654v] ---
[...ntri] kang samya tiwas nèng loji | punika kawêratan ||
9. Radèn Arya Prigalaya angling | yèn mêkatên manira tur wikan | duta lumaksana age | prapta ing ngarsanipun | sira radèn rêkyana patih | katur saaturira | radèn patih muwus | iya sun atur uninga | antènana wus mêngsat kang dinuta glis | prapta sajroning pura ||
10. panggih lawan Tirtawigunèki | lajêng koju[52] ing jêng sri narendra | sigra animbali age | Ki Arya Mandurèku | kinèn ngirid ing sukêtaris | lan kinèn maspadakna | jro loji puniku | bok Kumpêni mangsang guna | mêndhêt gêlar dyan Ki Arya Mandurèki | mêdal saking jro pura ||
11. wus apanggih lawan sukêtaris | gya ingirid mring loji mariksa | bok ana gêlar pirantèn | lawan amundhut dhuwung | sapraptane wau jro loji | sira Arya Mandura | kanan kering dulu | datan watên paran-paran | wus ingambil dhuwung kang mugèng ing pêthi | katur Arya Mandura ||
12. nulya mundur prapta ing jro puri | lampahira Ki Arya Madura | wus katur dhatêng sang rajèng | solahira ingutus | dhuwung katur ing sri bupati | loji wus kinèn ngraksa | marang pugawa gung | atawise[53] tigang dina | sri narendra têdhak pan arsa udani | gumyah kang balakusya ||
13. pêpêkan sêntana wadya miranti |[54] myang pugawa pra mantri pêpêkan | wong Cina tata barise | dyan miyos sang aprabu | nitih kuda cahyanya wêning | gumêrah wadyabala | ing loji wus rawuh | lajêng malêbêt sang nata | jroning loji para punggawa tan kari | sêntana kantun jaba [ja...]
--- [f. 655r] ---
[...ba] ||
14. sarawuhe sang nata jro loji | akathah-kathah ikang pinirsa | loji ingubêngan kabèh | kathah ikang dinangu | tiningalan dening nrêpati | pasanging rakitira | eram sang aprabu | loji nulya kinèn bubrah | lêlarène sadaya kinèn ngurugi | dunya kinèn ngusunga ||
15. tan adangu kondur sri bupati | sampun dalu prapta ing kadhatyan | pra niyaka bubar kabèh | warnanên enjangipun | dunya loji wus dèn usungi | kacatur tigang dina | gènnya ngusung-usung | rajabrana warna-warna | mas sêlaka ardana myang kang kêkêling | apa kang nora nana ||
16. kawan atus sunapan winarni | pujul pitulas katur sang nata | tigar mariyêm wusdene | obating kathahipun | êtong satus sawidak nênggih | kang pangandika nata | dunya kinèn ngêdum | mring wadya dipun warata | amung radèn apatih kang datan apti | dunya loji jarahan ||
17. datan arsa duduman Kumpêni | amung rahadèn rêkyana patya | sampun awêradin kabèh | Kumpêni kang anungkul | pan sadaya kinèn nyunati | lan winuruk ngagama | salin nabinipun | mêngkana ikang kocapa | kang têtilar pangeran arya rumiyin | kang dadi panakawan ||
18. ikang awasta Radèn Mas Said | lan Sambiya lan Radèn Mas Sabar | sampun agêng katigane | pangandikaning prabu | samya kinèn basahan sami | nugala pagandhekan | tri anom ranipun | sarta kaparingan nama | kang atuwa rahadèn ikang wêwangi | Radèn Suryakusuma [Sur...]
--- [f. 655v] ---
[...yakusuma] ||
19. Radèn Sambiya ikang wêwangi | Radèn Martakusuma wastanya | Radèn Sabar wêwangine | Wiryakusuma iku | sabin sami dipun paringi | nyalawe cacahira | sèkêt ikang sêpuh | gêntya ikang kawuwusa | pan Kumêndur Natanail ing Sêmawis | utusan tur uninga ||
20. marang Gurnandur[55] Jendral Bêtawi | lamun sang nata têtulung Cina | kang duta lumaksana ge | datan kawarnèng laut | praptanira nagri Bêtawi | tumanduk punang duta | katur suratipun | sampuning amaos sêrat | samya ngungun Rat Pêni Diya miyarsi | miwah gurnadur jendral ||
21. abicara sagunging Rat Pêni | sawusira dadya aputusan | ambantoni ing yudane | dening ta kang tinuduh | Komasaris Johan Mantèli | lan Komasaris Tuwa | nênggih namanipun | puniku kang mundhi lampah | apan samya tinuduh bantu ngajurit | marang nagri Sêmarang ||
22. limang atus Kumpêni dèn irid | pan kajawi Kumpênine Islam | Ambon Makasar Trênete | sadaya limang atus | wong Mêkasar ikang nindhihi | nênggih Dhaèng Sabelah | lawan malihipun | Dhaèng Kulolah lan Usman | wus siyaga badhe numpak ing jaladri | gêntya kang kawuwusa ||
23. sira rahadèn rêkyana patih | wus amatah sagunging pugawa | pasisir bantu yudane | dening ta kang tinuduh | angêpunga loji Sêmawis | ing Batang Pangangsalan | Kêndhal Kaliwungu | ing Dêmak lan Garobogan | ing Barêbês Pamalang ngêpung
--- [f. 656r] ---
Têtêgil | dening loji Jêpara ||
24. pan ing Kudus kalawan ing Pathi | loji Rêmbang Langsêm Pajakungan | Jawana tinuduh prange | pugawa Surèngkewuh | binubarkên saking Sêmawis | pan kinèn agêcêka | loji Surèngkewuh | kanthi Garêsik Lamongan | pan ing Tuban Sidayu samya ambalik | tumut marang Mandura ||
25. ing Sêmarang andina ajurit | long-linongan Kumpêni kasoran | amêmpên ing loji bae | radèn patih winuwus | sowan marang sajroning puri | apan atur uninga | ing pandhongkolipun | Adipati Jayaningrat | asangadi sakit yèn lêga tyas aji | kenginga mantunira ||
26. Radèn Sumadiwirya kang nami | sutanira rahadèn apatya | sang nata lêga manahe | lan malih aturipun | sira radèn rêkyana patih | kapitan lawan luknang | sukêtarisipun | yèn suwawi pinêjahan | bokmênawi punika amangun pikir | dadya sandi upaya ||
27. sri narendra apan anuruti | ing aturira rêkyana patya | wus mêdal saking purane | dhinawuhakên sampun | yèn kapitan kinèn mêjahi | sukêtaris myang lutnan | pinêjahan sampun | sira Kapitan Sapanjang | tinimbalan ing radèn rêkyana patih | prapta wus têtabean ||
28. tinimbalan sadaya ajurit | abantua mring nagri Sêmarang | wong Cina kêrigên kabèh | dening kanthining rèku | sri narendra amatêdhani | anindhihi mring sira | pugawa pêpitu | Kapitan Panjang sandika [sandi...]
--- [f. 656v] ---
[...ka] | sampun siyang sanadyan pantara latri | rêmêk dipun bandhêmna ||
29. wêdana jawi wus dèn dhawuhi | kinèn samya siyaga ngayuda | tan kawarna ing enjinge | ing dina Somanipun | sri narendra miyos tinangkil | pan arsa umiyata | ing wadya kang nglurug | kang abêkta mring Sêmarang | pêpak andhèr kang sewaka Păncaniti | satriya myang pugawa ||
30. tuwin pugawa kang bantu jurit | sampun saos mugèng panangkilan | kalawan sagêgamane | myang Cina sadayèku | aglar mugèng ing Păncaniti | saha busana yuda | sèwu gangsal atus | dening wadyaning pugawa | pan gumêrah nèng alun-alun abaris | busana warna-warna ||
31. samya nêmbah mangaras pada ji | miwah Sapanjang amit tur sêmbah | budhal saha gêgamane | ikang minăngka ngayun | Ki Tumênggung Makuyudèki | lan Radèn Mangkupraja | nulya kang sumambung | Tumênggung Mangunnêgara | lawan Radèn Singaranu kang nambungi | abra kang balakusya ||
32. nulya Tumênggung Wiragunèki | saha bala asri warna-warna | Radèn Wiryadiningrate | ikang nindhihi pukur | atmajanya rahadèn patih | pan kinarya pugawa | agêntosi luguh | Tumênggung Kartanagara[56] | ing wurine Radèn Mlayakusumèki | wadya lir puspita bra ||
33. anulya Radèn Sujanapuri | pan kaipe ing sri naradipa | ikang kinarya êmbane | pangeran dipatyèku | pan tinêdha ing radèn [radè...]
--- [f. 657r] ---
[...n] patih | kinarya mata pita | pamugarinipun | pinatêdhan kayumana | bumi urut dalan kang milya Sêmawis | Radèn Sujanapura ||
34. nulya Sapanjang lumakyèng wuri | pan agamêng kang prajurit Cina | datan kasêlan lampahe | ing marga tan winuwus | sampun prapta nagri Sêmawis | lajêng makuwon samya | anêpungi wau | bitinge sagung pugawa | ing pasisir prasamya suka ing galih | dening bantune prapta ||
35. Kapitan Singsèh dènira baris | wus angrupak anèng ing Trêbaya | Martapura têtindhihe | Sapanjang Sabugalu[57] | Mangkuyuda ikang nindhihi | banjêng pakuwonira | akapang akêpung | wus maju saking Pragota | Radèn Arya Mlayakusuma lan malih | Radèn Wiryadiningrat ||
36. ing Pangambêngan dènnya bêbiting | gêntya wau ikang kawuwusa | Kumpêni prapta bantune | wus mêntas saking laut | Komasaris Johan Mantèli | Hugaparasêl[58] lawan | wadya gangsal atus | Bugis Ambon lan Mêkasar | gangsal atus sadaya wus praptèng loji | kêmêndur tusthèng driya ||
37. sawuse tara ing tigang latri | wadya Kumpêni kang nglarag mêdal | anêmpuh pabitingane | nênggih pun Sabukalu | lan Tumênggung Makuyudèki | Kumpêni tan rêringa | tate asal buru | duk aprang lawan Sapanjang | nèng Bêtawi ing mangkya[59] atangkêp jurit | tan mawi sita-sita ||
38. rame campuh pan bêdhil-binêdhil [bê...]
--- [f. 657v] ---
[...dhil-binêdhil] | wadya Kumpêni samya angrasang | pun Sabugalu nulya ge | lawan Kyai Tumênggung | Makuyuda samya nadhahi | ing mriyêm kalataka | alyir prawata rug | wadya Kumpêni kèh pêjah | Sabugalu sigra dènira ngudhuni | lawan sawadyanira ||
39. pan ingamuk lawan pêdhang abir | rusak wadya Kumpêni lumalya | kabutuh anèng ing lèpèn |[60] prajurit Cina anglud | wong Kumpêni kathah ngêmasi | pêjah kang sangang dasa | ing sakantunipun | ngusi jro loji sêmana | Wêlănda kang anèng jro loji nulungi | mriyêm saking palatar ||
40. Sabukaluk[61] asuwarèng dasih | samya mundur kang prajurit Cina | sarêng praptèng pakuwone | akasukan sadalu | wong Kumpêni lami tan mijil | wêtawis pitung dina | ngalarag mangidul | nulya anggepak mangetan | barisira Kapitan Singsèh ginitik | lan Radèn Martapura ||
41. acampuh i prang bêdhil-binêdhil | Martapura anindhihi Cina | lan Ngabèi Trêbayane | Kumpêni pan kaburu | kang kacandhak akèh ngêmasi | praptèng jro loji samya | tinulungan sampun | ing mriyêm lir gêlap sasra | wadya Cina mundur amakuwon malih | lan Radèn Martapura ||
42. samya kêkês prajurit Kumpêni | pan alami datan watên mêdal | amêmpên ing loji bae | gêntya ikang winuwus | Martayuda trahing Sêmawis | ngantukkên mring Sêmarang | lan sasutanipun [sasutanipu...]
--- [f. 658r] ---
[...n] | gasal ikang sami priya | dèn misuwurakên santana Mêtawis | kang wontên ing Pulokas[62] ||
43. yèn anglarag punika nindhihi | sosong kuning dadya samya rungak | wong Jawa mirsa wartine | Kumpêni analimur | Răngga Tisnawijaya nênggih | Kumpêni duk sêmana | anglarag mangidul | wanci ing pukul sakawan | biting Pangambêngan wau kang ginitik | Radèn Mlayakusuma ||
44. samya nendra kang angraksa biting | tan uninga yèn Kumpêni prapta | gugup saking pangêdrèle | gundam samya lumayu | rêrêksane pan datan eling | mariyêm pan kagungan- | ira sang aprabu | Rahadèn Mlayakusuma | kang agadhuh wus binandhang ing Kumpêni | gègèr ing pamondhokan ||
45. nulya mundur kang wadya Kumpêni | saha bêkta mariyêm bandhangan | sêmana sanes tangkêpe | dening wus angsal buru | sabên dènnya nglagar mêdali | mariyêm palayangan | kang binêkta magut | sinèrèd dening turăngga | pira-pira mariyêm binêktèng jurit | Cina asring kasoran ||
46. sira Radèn Mlayakusumèki | lawan Rahadèn Wiryadiningrat | rêmbag atur upaksine | mariyêm tiwasipun | pan kabandhang maring Kumpêni | lawan atur uninga | Cina tandangipun | mangkya kadya gêgotongan | lan wong Jawa wadana ngrasa ngawaki | duta wus lumaksana ||
47. tan winarna ing marga wus prapti | nagri Kartasura punang duta | tumamèng ngabyantarane | ing radèn patih katur |
--- [f. 658v] ---
suratira saking Sêmawis | winaos wus kadriya | sêmana angungun | èsmu duka tanpa ingan | ingasulan kang duta tinulak aglis | mundhi surat apatya ||
48. egal lampahe praptèng Sêmawis | Radèn Arya Malayakusuma | Radèn Wiryadiningrate | atampi sêrat sampun | gya binuka mring radèn kalih | bêbukane kang salam | sira kalih sung wruh | kagungan dalêm kabandhang | kang mariyêm nuli rêbutên dèn aglis | yèn katura dinukan ||
49. lawan sapa kang angrêbut malih | isun ganjar limang atus reyal | kalawan sira malihe | atur upaksi isun | yèn wong Cina tindake mangkin | ing aprang gêgotongan | tan ngrasa katêmpuh | bênêr akale wong Cina | sira iku apan sami anglakoni | pituduhing narendra ||
50. dening têka padha ngiring-iring | mring wong Cina apan iku iya | nora karuhan jamane | pan nora mêngkonèku | wong nglakoni karya nrêpati | kaya dudu pugawa | pikirira iku | munduran kaya wong runcah | radèn kalih miyarsa kalakung ajrih | agya suwarèng bala ||
51. samya kinèn ngasêgakên biting | lan arêbut mriyêm kang kabandhang | wadya lit gugup tandange | Dyan Sujanapurèku | anindhihi angangsêg biting | lawan kaliwonira | Rahadèn Tumênggung | Wiryadiningrat kang nama | Ki Ngabèi Wirawidigda lan malih | Ngabèi Rêksapraja ||
52. lêlumbungan dèrèng mawi siti | binêkta majêng[63]
--- [f. 659r] ---
nulya sinipat | ing mariyêm saradane | tan kandhêg ajonipun | pan arame bêdhil-binêdhil | wong cili kathah pêjah | tuwin ikang tatu | nanging dèn idak ing wutat | para mantri kaliwon samya nindhihi | miwah pugawanira ||
53. myang prajurit Cina animbangi | ikang kilèn miwah ikang wetan | apan sarêng pangasêge | sarêng dènira kêmput | wong Kumpêni tan amêdali | nanging abêbêdhilan | mriyêm siyang dalu | gêntya ikang kawuwusa | Ki Tumênggung Mataun Jipang tur pêksi | yèn bala ing Mandura ||
54. samya nabrang dhatêng ing Garêsik | nagri Tuban sampun tinanêman | Dipasana kang ginawe | dening bupatinipun | Suraadiningrat kang nami | tumpês anèng jro kitha | tinukup ing dalu | mangkya kang wadya Mandura | nèng Sidayu gènira apacak baris | kanan kering binahak ||
55. saking Sidayu budhal kang baris | sêdya ngrabasèng ing kitha Jipang | agêgilani tandange | ikang katrajang gêmpur | pandhusunan[64] ing Jipang prapti | wadyèng Sampang bêbahak | dhusun Majaranu | duta praptèng Kartasura | gya tumamèng abyantaranira patih | katur kang punang surat ||
56. tinupiksa ing radèn apatih | lajêng katur ing sri naradipa | Tumênggung Mataun srate | ngandika sang aprabu | ing rahadèn rêkyana patih | hèh paman kayaparan | rèhira ing kewuh | umatur rêkyana patya | igih awrat yèn mênggah kawula gusti | dening kang saking [sa...]
--- [f. 659v] ---
[...king] wetan ||
57. pun Maduntên èstu mangkèwêdi[65] | ing Sêmawis abdi dalêm susah | amagung kasor yudane | pun Cina batên urun | angandika sri narapati | prakara ikang wetan | paman lamun mêtu | ing pikire Cakraningrat | kêkêjêra paman nora dadi pikir | isun kaduga nambak ||
58. mung kang êlor pikirên dèn bêcik | rêmbugên lan Si Tirtawiguna | lawan Si Prigalayane | sampun tinundhung mêtu | sira radèn rêkyana patih | sapraptanirèng jaba | animbali gupuh | ing Rahadèn Prigalaya | lan Tumênggung Tirtawiguna wus prapti | ing dalêm Kapatihan ||
59. angandika radèn adipati | kadipundi kang Tirtawiguna | myang anak Prigalayane | timbalane sang prabu | samya kinèn mikir kang bêcik | pasanging lêlampahan | kaledhon ing kewuh | yèn tumrapa wong asalat | eman amin makmume alok tan amin | pan igih ing Mandura ||
60. makya kakang rêrubêdi pikir | sira Tumênggung Tirtawiguna | măngsa barong ing ature | tan sagêd urun udhu | miwah Arya Prigalayèki | radèn patih ngandika | sami dika mantuk | nèng ngriki asil punapa | dhêlêg-dhêlêg karo tan kêna tinari | mundur nusahi manah ||
157. Durma
[Wadya Cina perang mengsah wadya Madura. Tumenggung Mataun saking Jipang tiwas.[66]]
1. sigra radèn patih dènnya pêparentah | mring wong măncanêgari | pangiwa sadaya | Rahadèn Surabrata | kinèn abantu ngajurit | marang ing Jipang |
--- [f. 660r] ---
budhal saking nêgari ||
2. nanging mantuk sira Radèn Surabrata | angêrig kang wadya lit | sapanêkarira | samya angêrig wadya | kunêng kawuwusa malih | Tumênggung Jipang | ayun-ayunan jurit ||
3. wadya Jipang dèrèng samêkta sadaya | kasêlak musuh prapti | bala ing Mandura | sampun angrampid kitha | Tumênggung Mataun nênggih | sawadyanira | rêmbug samya ngoncati ||
4. ngungsi marang Balora anata wadya | Tumênggung Balorèki | punika dinuta | angêrig wadya Cina | kang anèng tanah pasisir | ikang bang wetan | sadaya samya prapti ||
5. sami kumpul anèng nêgari Balora | kapala Roga[67] Êlik |[68] lawan Êncik Êmas | Êncik So Êncik Lika | lawan malih pun Cik Putih | palêmpakira | sangang atus prajurit ||
6. myang pugawa măncanêgara pangonan | sadaya sampun prapti | anèng ing Balora | Kyaa[69] Mataun sigra | budhal sawadyaning rèki | saking Balora | wong Cina pan umiring ||
7. tan winarna ing marga wus prapta Jipang | wong Sampang angêbroki | anèng kitha Jipang | sampun miyarsa warta | yèn Kyai Mataun prapti | larod sadaya | mring jawi kitha têbih ||
8. anèng dhusun ing Mêlaran kèndêlira | wong Mandura bêbiting | Radèn Kêrtayuda | lawan Lêmbu Sangara | satêtirahe dèn giring | têtindhihira | nêdya rêmponing biting ||
9. Ki Tumênggung Mataun anglud ing mêngsah | Pakacangan abaris | kang prajurit Cina |
--- [f. 660v] ---
matur arsa gitika | mring wong Mandura ing wêngi | anuhun bala | mantri kang têdah margi ||
10. pan kasaru wau duta ikang prapta | saking ing radèn patih | maringakên sira | nênggih Surawikrama | wong saking Sidayu nênggih | kinèn nanêma | marang Sidayu aglis ||
11. lawan ikang timbalan rahadèn patya | kinèn ngrabata[70] aglis | Garêsik Lamongan | Sidayu lawan Tuban | Tumênggung Mataun nênggih | matur sandika | duta wus amit mulih ||
12. sira Ki Ngabèi Tohjaya Nglamongan | mring Ki Mataun amit | arsa angrêbata | nêgari ing Nglamongan | nanging sêdya aprang sandi | nungkul gêlarnya | rabine ki ngabèi ||
13. lan sutane ginawe mring wong Mandura | duk kacandhak kariyin | apan katimbalan | Pangeran Cakraningrat | Ki Tohjaya kinèn amrih | dadia rowang | marma dipun tênggani ||
14. sampun mangkat sira Ngabèi Tohjaya | saking ing Panaragi | ya ta kawarnaa | wau prajurit Cina | gènnya umangkat ing latri | wus pinatêdhan | mring Ki Mataun mantri ||
15. mantri ing Balora tinuduh miyanga | lan wong Sidayu nênggih | ikang sami trêsna | marang Surawikrama | pan akathah ikang prapti | samya kinarya | cucuk atêdah margi ||
16. sangang atus wau kang prajurit Cina | sarêng budhal ing latri | lan mantri Balora | Sidayu mugèng ngarsa | kêkapalan gangsal biting | pan sampun prapta | desa Mêlaran enjing ||
17. lajêng nêmpuh wong Cina ing pabitingan [pabitinga...]
--- [f. 661r] ---
[...n] | radèn dènnya bêdhili | saking katêbihan | wadya Mandura mêdal | kalih èwu winatawis | arêbat papan | wong Cina ambêdhili ||
18. sigra nêmpuh wadyabala ing Mandura | nusup kukusing bêdhil | myang prajurit Cina | sarêng panêmpuhira | ngamuk lawan pêdhang abir | wong Sampang panggah | ramya rok silih ukih ||
19. kuwêling prang waos têmpuh lawan pêdhang | kapanggih sami wani | caruk kang ayuda | ramya ulêng-ulêngan | wadya Mandura angukih | prajurit Cina | panggah datan gumisir ||
20. Ki Tumênggung Mataun sawadyanira | mirsa syaraning bêdhil | budhal saha bala | arsa têtulung Cina | sagung dipatya tan kari | ikang ayuda | maksih ukih-mangukih ||
21. răngga kalih Êncik Putih Êncik Êmas | angamuk mobat mabit | bala ing Mandura | sampun akathah pêjah | tigang atus winatawis | prajurit Cina | rongatus kang ngêmasi ||
22. samya sayah wong Cina mundur lolonan | wadya Mandura ngusir | apan katadhahan | Kyai Mataun prapta | wadya ing Mandura ngusir | kathah kang pêjah | lumalya ngusi biting ||
23. pan ingêlud marang ing prajurit Cina | myang wong măncanêgari | larod asasaran | atilar pabitingan | Lamongan sêdya dèn usi | gununganira | anèng Lamongan baris ||
24. kawarnaa sira Ngabèi Tohjaya | ing Lamongan wus prapti | abêkta bokokan | katur mring wong
--- [f. 661v] ---
Mandura | prasamya suka ing galih | dening Tohjaya | nungkul tur pati urip ||
25. pangrasane sayêkti panungkulira | tan nyana lamun gêndhing | sigra tinimbalan | sira Kyai Tohjaya | prapta pan sampun apanggih | lan wong Mandura | mugèng paseban jawi ||
26. sawusira lênggah Ngabèi Tohjaya | lan sanak putunèki | dyan narik curiga | goco mring wong mandura | kang samya lênggah manggihi | gègèr puyêngan | kuwur pan dèn amuki ||
27. ing Tohjaya mring saanak putunira | wong Mandura kèh mati | sakarine pêjah | malêdug asasaran | sira Tohjaya Ngabèi | pangamukira | lir banthèng tawan kanin ||
28. wong Mandura kang lumayu saking Jipang | dèn kêkodhol samargi | mring prajurit Cina | miwah wadya ing Jipang | mring Lamongan sêdya ngungsi | panyananira | bature ikang maksih ||
29. sapraptane ing alun-alun Lamongan | Ki Tohjaya nadhahi | dhasar sampun sayah | anulya ingamukan | pating gudadap[71] kyèh mati | wong sampun sayah | kadya numbaki cindhil ||
30. nanging wuri Wandura[72] uninga |[73] samya lumalya nisih | wau kang winarna | Kyai Mataun prapta | lan wadya Cina tan kari | lumêbèng kitha | lan Tohjaya wus panggih ||
31. pan winarna solahe duk badayuda | ngungun sagung dipati | samya ngalêmbana | marang Kyai Tohjaya | makuwon sagung dipati | myang wadya Cina | anèng Lamongan baris ||
32. palayune wau [wa...]
--- [f. 662r] ---
[...u] bala ing Mandura | kèndêl sakilèn Giri | nèng Tumapêl samya | dening bêbarisan |[74] wau ta ikang winarni | pugawa mănca | nêgara pangering |[75]|
33. Ki Tumênggung Surabrata Pranaraga | sapanêkarnya prapti | bumi Surabaya | baris anèng Jênggala | gumêrah wadyaning rèki | tanpa wilangan | sampun asung upêksi ||
34. lan Tumênggung Mataun apirêmbagan | Radèn Surabratèki | apan wus prayoga | baris anèng Jênggala | wong Sampang kang nêdya gitik | wong Surabaya | dadya taha ing wèsthi ||
35. dening Ki Mataun arêbat Sidarsa | lawan kitha ing Tubin | apan sampun rêmbag | budhal sagung gêgaman | Ki Mataun kang nindhihi | tuwin wong Cina | wong Mandura winarni ||
36. kang abaris Tumapêl pan kagegeran | larod ing têngah wêngi | mring Sidayu samya | prapta sakidul kitha | anèng Prijakan abaris | kantune prapta | saking Sidayu nênggih ||
37. Ki Tumênggung Mataun sawadyanira | ing sabrang kidul prapti | dhusun Parijakan | apan êlêt bangawan | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | samya nilib ing wêngi ||
38. apan mangigil wau dènira anabrang |[76] wong Balura[77] kang ngirid | Warung lan Sêsela | lan wong Sidayu samya | ikang sampun nungkul lami | atuduh marga | nabrang sagung prajurit ||
39. Ki Tumênggung Mataun maksih nèng ngandhap | apan akarya sandi | adangdan baita | kadya arsa nabranga | wong Mandura tan udani | lamun wong Cina | samya nabrang [na...]
--- [f. 662v] ---
[...brang] ing inggil ||
40. samya gugup prajurit Cina nêrajang | saking kilèn bêdhili | wong Madura tadhah | rame dènira yuda | Tumênggung Mataun aglis | sawadyanira | sampun anabrang kali ||
41. sigra dènnya anêmbalang ing ayuda | wadya Madura ngisis | pan wus kathah pêjah | Rahadèn Kartayuda | têtindhihe angêmasi | sakadangira | gangsal sarêng ngêmasi ||
42. kang wadya lit sakantunira kang pêjah | maring jroning nêgari | Sidayu wus prapta | Radèn Sêcadiningrat | nêdya rêrêmpon ing jurit | nanging kasêsa | kang wadya Cina prapti ||
43. miwah sagung pugawa măncanêgara | ikang samya angusir | marang wong Madura | nagri Sidayu prapta | Tumênggung Sidayu nênggih | arsa maguta | kalulun ing wadya lit ||
44. sampun rusak tatane kuwur lumalya | kitha uwus dèn broki | mring prajurit Cina | miwah sagung dipatya | wong Cina jêjarah sami | ikang kacandhak | wong wadon dèn jamahi ||
45. Ki Tumênggung Mataun sawadyanira | makuwon pacak baris | sajroning nagara | lawan prajurit Cina | Dipasana kang winarni | saking ing Tuban | dèrèng miyarsa warti ||
46. yèn Sidayu bêdhah wus kancikan mêngsah | Katalanjor wus prapti | salêbêt nagara | anêdya bantu yuda | wong Jipang samya upêksi | wadya ing Tuban | binujung kèh ngêmasi ||
47. Arya Dipasana gêbyur ing samodra | Ngujung Pakah[78] wus prapti | wau kawarnaa | Radèn Sêcadiningrat | lawan [la...]
--- [f. 663r] ---
[...wan] sawadyanirèki | dènnya lumalya | numpak baita konthing ||
48. kèndêl pulo Mangare atur uninga | yèn kasoran ing jurit | marang ikang rama | dutanira wus prapta | katur yèn kasoran jurit | wadya kèh pêjah | duka yayah sinipi ||
49. animbangli[79] marang ing pêpatihira | Dyan Mangundara prapti | ya ta sru ngandika | Pangeran Cakraningrat | hèh Mangundara dèn aglis | asiyagaa | si kacung kalih jurit ||
50. lah kêrigên wong jêro gawanên yuda | sandika kang tinuding | Radèn Mangundara | tur sêmbah sampun mêdal | asandhiya ing ajurit | wong tigang nambang | nênggih kang dèn tindhihi ||
51. pan ing dalu budhal numpak ing samodra | samya amot ing konthing | sêlur kang baita | pulo Mêngare prapta | lajêng panabrangirèki | mring Ujuh[80] Pangkah | samya nata wadya lit ||
52. Ki Tumênggung Mataun kang kawarnaa | ingaturan udani | mring Surawikrama | yèn mêngsah kathah prapta | Ngujung Pakah dèn ênggèni | wadya Mandura | samya amot ing konthing ||
53. sigra undhang Kyai Mataun sêmana | mring sagunging dipati | wadya măncanêgara |[81] ya ta sakathahira | pinartiga barisnèki | mangawat têbah | samya jaga ing margi ||
54. Adipati Madiun pangawat kanan | ikang mugèng ing kering | Dipati Balora | Warung lawan Sêsela | mung Japan ikang dèn kanthi | mugèng ing dhadha | samya samêktèng jurit ||
55. myang prajurit Cina pinangku nèng ngarsa | wau [wa...]
--- [f. 663v] ---
[...u] ta kang winarni | wadya ing Madura | kang anèng Ujung Pakah | prasamya nabrang ing latri | kang kering kanan | pan amung dèn kawali ||
56. pêpênêde galong mêdal ing têngahan | mêntas saking jaladri | nêgêl[82] barisira | Kyai Mataun Jipang | watên dasih tur upêksi | yèn mêngsah prapta | galong lampahing rèki ||
57. Ki Mataun apan arsa utusana | kang mugèng kanan kering | kinèn angumpula | musuh kasêlak prapta | wong Madura nêmpuh wani | prajurit Cina | panggah dènnya nadhahi ||
58. pan kinêpung dening bala ing Mandura | wong Cina ngamuk wani | Ki Mataun Jipang | bêndhenira angakang | kang kênthung kalawan bèri | kang wadya Cina | surak gumuruh atri ||
59. ting jalêgur carabalèning Madura | galaganjur saruni | umyang syaranira | carub ikang ayuda | aramya ukih-mangukih | bala Madura | samya ngamuk mangukih ||
60. sira Lêmbu Sêngara mamuk manêngah | lir banthèng tawan kanin | gêmpang kang katrajang | lawan Jayasudira | gunungan samya ngawaki | ngantêp ing yuda | tan ana ngrasa ajrih ||
61. ulu-ulu ing Cina samya umiyat | yèn wadyane kyèh mati | mangamuk manêngah | Cik Putih lan Cik Êmas | Êncik Jola Răngga Êlik | Lêmbu Sêngara | têmpuh lan Răngga Êlik ||
62. Răngga Êlik tinumbak jajane pasah | sigra amêdhang aglis | jangganira pagas | sira Lêmbu Sêngara | uwor lawan Răngga Êlik | pan sarêng pêjah | wong Cina [Ci...]
--- [f. 664r] ---
[...na] aningali ||
63. lamun Răngga Êlik punika palastra | kang sampun samya ngisis | atilar gêgaman | malêdug asasaran | tan ana kang măngga pulih | Tumênggung Jipang | sawadyanira maksih ||
64. dyan tinêmpuh dene kang bala Madura | rame bêdhil-binêdhil | wadyabala Jipang | samya dhepok sadaya | pitung atus winatawis | bala Mandura | sarêng nêmpuh ngêbyuki ||
65. sampun rusak tatane wadya ing Jipang | akathah kang ngêmasi | datan antuk papan | binendrong binêdhilan | akiwul-kiwul tanpalih | Tumênggung Jipang | kapupu ing ajurit ||
66. sutanira Ngabèi Kramawijaya | ing Japan arsa pulih | nanging katadhahan | dening bala Mandura | Kramawijaya ngêmasi | sawadyanira | tumpês tan ana kari ||
67. sapêjahe Tumênggung Mataun Jipang | pangawat kanan kering | arsa têtulunga | nanging tan antuk marga | Dipati Madiun kalih | samya nêmpuh byat | wadya Mandura nisih ||
68. nanging wadyanira mawur asasaran | samya ebat ningali | mring bala Mandura | solahe alyir yaksa | prasamya kesisan dasih | kang pra dipatya | myang bala Mandurèki ||
69. pangrasane wong Madiun ngamuk wuta | samya lumalya wiwrin | dadya kang ayuda | gêmpur sapih maesa | kunarpanira Dipati | Jipang binêkta | mring anak putunèki ||
70. myang kunarpanira Ki Ngabèi Jipang | samya binêkta aglis | mundur marang Jipang | wadya măncanêgara | sagung ikang pra dipati | mundur sewangan | tan [ta...]
--- [f. 664v] ---
[...n] watên nêdya pulih ||
71. kawuwusa wau bala ing Mandura | kang gitik Surawèsthi | ikang sami prapta | apan ayun-ayunan | lawan bala Pranaragi | Ki Surabrata | sampun miyarsa warti ||
72. lamun Ki Tumênggung Mataun palastra | tumpês sawadyanèki | angrês manahira | arêmbag sawadyanya | myang sagung para dipati | larod sadaya | mantuk mring Panaragi ||
73. dadya gusis sagunging măncanêgara | tan wontên kang abaris | amung Surabaya | kang maksih yun-ayunan | kalawan bala Kumpêni | miwah wong Sampang | samya mrak Purawèsthi[83] ||
74. sira Radèn Tumênggu[84] Sêcadiningrat | ngancik Sidayu malih | tuwin Dipasana | sampun mantuk mring Tuban | Lamongan lawan Garêsik | wus tinanêman | wong Mandura kinardi ||
75. wong Mandura kang agitik Surabaya | pan sampun dèn bantoni | Radèn Mangundara | lajêng saking Sidarsa | busêkan wong têpis wiring | ing Surabaya | gègèr kelangan kanthi ||
158. Kinanthi
[Adipati Cakrajaya patih nagri Kartasura ambiyantu Cina, lajeng memengsahan kaliyan kumpeni.[85]]
1. para mantri Surèngkewuh | prasamya mêthuk ing jurit | marang sajawine kitha | têtindhihe Sawunggaling | pêpatihe Surabaya | anom bèr lanas tur wani |[86]|
2. i sabên ari acampuh | lan Ngabèi Sawunggaling | yudane wong Surabaya | kadya banthèng tawan kanin | bala Mandura kasoran | kaburu akèh ngêmasi ||
3. nênggih gêgununganipun | samya angusi jro loji | angantosi bantunira | wong Mandura samya wiwrin | pan kèndêl ayun-ayunan |
--- [f. 665r] ---
gêntya wau kang winarni ||
4. sutanira Ki Mataun | sira Radèn Kartasari | lawan Radèn Kartapura | ing Warung ikang paligih | rêmbag ngaturi uninga | ing radèn rêkyana patih ||
5. tiwase sudarmanipun | anèng madyaning ajurit | lawan kadange satugal | duta lumaksana aglis | ing marga datan winarna | prapta ing Kartasurenjing ||
6. sêratira sampun katur | ing radèn rêkyana patih | kalakung ing ngungunira | lajêng sowan mring jro puri | prapta jro wus ingandikan | praptèng ngarsane nrêpati ||
7. apatih nêmbah umatur | kawula atur upêksi | nênggih abdi dalêm Jipang | pun Mataun angêmasi | lawan sutane satunggal | wadya lit kathah ngêmasi ||
8. myang Cina kathah kang lampus | mêngsah Mandura pan igih | kalakung wantêring yuda | Sidajêng kancikan malih | abdi dalêm pra dipatya | măncanêgara angisis ||
9. mangkya wontên Majaranu | kang dadya cucuking baris | wadya Mandura bêbahak | apan samya bêbayongin[87] | angungun sri naranata | angandika mring ki patih ||
10. kayaparan ta sirèku | Si Mandura rêrubêdi | rêkyana patih tur sêmbah | sumăngga karsa nrêpati | iku paman karsaniwang | iya awaka pribadi ||
11. lamun nora mêngkonèku | tanpa wêkasing ajurit | wong Cina dimon egala | agêcak loji Sêmawis | yèn sira kadhinginana | kacèk takêping ajurit ||
12. dening wetan kang sun tuduh | Si Arya Prigalayèki | aku paman ayumana | sagung wong măncanêgari | angrêbuta nagri
--- [f. 665v] ---
Jipang | lan malih isun gawani ||
13. dhimas Dipanagarèku | lan adhimas Mangkubumi | lawan adhiêmas Răngga | dadia sipating jurit | rêkyana patih tur sêmbah | lêrês karsa panduka ji ||
14. sigra tinimbalan sampun | sirarya Prigalayèki | miwah sagunging santana | kerid ing Pangran Ngabèi | lan Pangeran Buminata | wêdana kanan lan kering ||
15. prapta ngarsane sang prabu | kang pra santana wotsari | sri narendra angandika | hèh kakangmas Angabèi | puniki pikir manira | Si Arya Prigalayèki ||
16. manira tuduh ing laku | nindhihi măncanêgari | adhimas Dipanagara | lan yayi mas Mangkubumi | kalawan yayi mas Răngga | dadosa jimat ngajurit ||
17. katiga milya anglurug | dimon samya wruh ing sakit | amapag musuh Mandura | matur Pangeran Ngabèi | kawula sumagèng karsa | igih anjurungkên amin ||
18. dening si paman puniku | Natakusuma nindhihi | Cina kang bitig[88] Sêmarang | dening kang têngga ing kami | wêdana lêbêt kewala | dika lan si adhi-adhi ||
19. Pangran Ngabèi umatur | alêrês karsa sang aji | lamun batên makatêna | tanpa wêkasing ajurit | nêgari lami tan arja | têmah rêrisak[89] wadya lit ||
20. alon ngandika sang prabu | ing Arya Prigalayèki | sira punuk kang sun karya | senapatining ajurit | nindhihi măncanêgara | dening ta si adhi-adhi ||
21. dadia jimating rèku | Dyan Prigalaya wotsari | anuhun mugi antuka | ing sawab barkat narpati | sang nata malih ngandika | dhatêng ikang rayi-rayi ||
--- [f. 666r] ---
22. Pangran Dipanagarèku | lawan Pangran Mangkubumi | katiga Pangeran Răngga | dèn padha angati-ati | aja sira kaya bocah | angèl tatraping ajurit ||
23. sampun pinaringan sangu | kalawan lorodan nyamping | kang rayi tiga nyatunggal | dening sangu gangsal biting | lawan busananing wadya | katiga sangking sang aji ||
24. lawan yatra gangsal atus | badhe ganjaraning dasih | sri naranata ngandika | ing radèn rêkyana patih | iku paman lamun sira | budhal anglurug ing benjing ||
25. mangkata sing alun-alun | kalawan Si Rajaniti | isun pan arsa umiyat | ing gêgamanira sami | pan sampun tinundhung mêdal | sira rahadèn apatih ||
26. lan Arya Prigalayèku | kalih sampun dèn paringi | apan yatra gêgantungan | ikang tumêmên ing kardi | yakti pan samya ginanjar | patêdhanira sang aji ||
27. myang para sêntana sampun | mêdal saking dalêm puri | ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | gumyah wadyèng Kapatihan | samya sanega ngajurit ||
28. gêntya wau kang winuwus | Gandhèk ikang anindhihi | Tumênggung Suradiningrat | ing Tuban duk angêmasi | tinukup mring wong Mandura | Gandhèk nora dèn pêjahi ||
29. dening abdine sang prabu | Ki Suradriya namèki | Ki Wăngsajaya satugal | mila nora dèn patèni | binêkta marang Mandura | katur mring Sang Adipati ||
30. Mandura rinêksa sampun | anèng wismanira patih | lami nora tinimbalan | pinrih ayêma rumiyin [ru...]
--- [f. 666v] ---
[...miyin] | pamrihira Cakraningrat | kênaa dèn têtakoni ||
31. mila alami dèn imbu | ilanga gumyuring ati | andina sinuba-suba | dêdimon eca kang galih | duk sêmana tinimbalan | ing Cakraningrat Dipati ||
32. Gandhèk prapta kalihipun | ing ngarsane Sang Dipati | Cakraningrat angandika | isun atakon sayêkti | ayya garoh aturira | yèn garoh isun patèni ||
33. sapa ikang duwe rêmbug | sang nata musuh Kumpêni | têka ngiloni wong Cina | apa karsane pribadi | Gandhèk kalih aturira | pamirsa kawula ngalit ||
34. ikang sangêt darbe atur | rahadèn rêkyana patih | kèlu sagunging pugawa | tan wontên purun malangi | ajrih ing radèn apatya | mênawa sinêrêng runtik ||
35. têmah lusur lênggahipun | mila satêngah dipati | Adipati Jayaningrat | dhongkol api-api sakit | Tumênggung Kartanêgara | dèn palalah angêmasi ||
36. samya jrih darbea atur | sira dyan rêkyana patih | lakung angungun miyarsa | Cakraningrat Adipati | asru dènira ngandika | pugawa kyèh tanpa kardi ||
37. tan nêdya tari marèngsun |[90] kaliwat amajanani | Susunan Pakubuwana | nora tigal bapa mami | apa sakaliring rêmbag | pasrah mring wong tuwa mami ||
38. cekelan padha kumênthus | pan iya ing mêngko iki | ngandêlakên sugih bala | pêksa angêntasi kardi | tur kabèh măngsa enjuha | prasasat angrusak gusti ||
39. yèn isun [i...]
--- [f. 667r] ---
[...sun] nêdya mêmusuh | têka wadone wong Jawi | cawêta milua yuda | nadyan godhonge waringin | kabèh dadia manusa | milua magut ajurit ||
40. sun kicèl bae lan isun | suwe mijêt wohing ranti | pae kaya wong Mandura |[91] tate ajujung nrêpati | pamugarining rat Jawa | dadya pamukasing wèsthi ||
41. Gandhèk kêkalih umatur | alêrês sampeyan nênggih | pangeran malih ngandika | sira sun wongakên mangkin | kapitan ing Surabaya | lamun sira dèn takoni ||
42. ayya wah tuturing rèku | pasthi sira nêmu bêcik | nadyan silih dèn gawakna | marang nêgari Sêmawis | dèn banjurna mring Jakarta | ja owah tuturing rèki ||
43. Gandhèk sinangonan sampun | binêkta mring Surawèsthi | kang duta sampun umêsat | ing laut datan winarni | praptèng nagri Surabaya | duta wus tumamèng loji ||
44. sampun katur suratipun | Cakraningrat Adipati | mring kapitan Surabaya | sampun binuka kang tulis | kapitan ngungun miyarsa | wong Gandhèk dèn têtakoni ||
45. tan owah kadya turipun | mring Pangeran Mandurèki | linajêngakên saksana | marang nêgari Sêmawis | [...] |[92] [...] |[93]|
46. wus panggih lawan kumêndur | miwah dhatêng komasaris | Hugapêrisêl kalawan | nêngguh Johan Amatèli | surat saking Surabaya | tinupiksa gêni-gênti ||
47. miyarsa kalakung ngungun | kumêndur lan komasaris | nanging suka jroning nala | dening ta sri narapati | nora pati yèn karsaa | anumpês bala Kumpêni ||
48. yèn èstua
--- [f. 667v] ---
tuturipun | Gandhèk kang kacandhak iki | katut ature pugawa | dudu karsane pribadi | pan maksih kêna dèn ulah | ing têmbe dèn ulih-ulih ||
49. Gandhèk linajêngkên sampun | marang nagari Batawi | kering dening dutanira | kumêndur lan komasaris | kalih saha mawi surat | wus prapta nagri Batawi ||
50. surat katur ing gurnandur | miwah ikang pra Rat Pêni | Gandhèk pinanggil[94] mring ngarsa | tan asuwe praptèng ngapti | nulya wau tinakonan | dinangu tiniti-titi ||
51. Rat Pêni sadaya ngungun | dhuh gusti rajèng Matawis | jahate ikang pugawa | angrusak bala Kumpêni | gurnadur atêbah jaja | sadalêming tyas manangis ||
52. Gandhèk linajêngkên wangsul | mring nagri Sêmarang malih | ing benjang kinèn lajêngna | katura ing sri bupati | sakalakung urmatira | mring abdinira nrêpati ||
53. saha sêrating gurnadur | kang dhatêng ing komasaris | ing laut datan winarna | nagri Sêmarang wus prapti | wong Agandhèk wus pinrênah | rinêksa nèng kêbon wiking ||
159. Pangkur
[Tumenggung Rajaniti ngalurug dhateng Semarang. Wadya Kartasura dipunpandhégani radèn Pringgalaya, pangéran Dipanegara saha pangéran Mangkubumi ngalurug dhateng Jipang.[95]]
1. wau ikang kawuwusa | ya ta sira radèn rêkyana patih | gènira siyaga sampun | samêkta punang bala | budhal ikang gêgaman sri ngalun-alun | abra busananing wadya | yèn tinon lir prawatagni ||
2. nêngguh panganjuring lampah | wong Parêmbun Surayuda nindhihi | Bubutan Surabăngsèku | lawan Nilasêraba | ing Rendhetan nulya wuri kang sumambung | Ki Ngabèi Surajaya | gêgaman dinulu asri ||
3. gandera awarna-warna | nulya [nu...]
--- [f. 668r] ---
[...lya] wadya ing jro ikang nambungi | wong Jayamênggala ngayun | asri busananira | kang sumambung ing wuri wong Tanpagêmpur[96] | anulya wong Jayataka | wong Narataka nambungi ||
4. nulya wong Sêtyanirbaya | wong Anjayaparusa kang nambungi | wong Jayènglatri ing pukur | nulya wong Jayèngastra | nulya wadya Kapêtêngan kang sumambung | ngagêm waos cêcebolan | wong Nirmala anambungi ||
5. ing wuri wong Tanparaga | agarêbêg radèn rêkyana patih | wong Magêrsari atêpung | asri kang upacara | pangarsane jêjêl praptèng alun-alun | ambèr dhatêng ing Galadhag | rahadèn rêkyana patih ||
6. prapta mugèng Panangkilan | kawarnaa Tumênggung Rajaniti | prapta sadêdamêlipun | wadya tanpa wilangan | kang prajurit saha kuda kalih èwu | lyan ikang lumakyèng dharat | untabe kagiri-giri ||
7. lurung pêpêt ing gêgaman | tan kêna wor apakat-pangkat[97] sami | ya ta wau sang aprabu | miyos ing Panangkilan | saha upacaranira sri dinulu | orêg sagunging pugawa | ngandika sri narapati ||
8. marang ing radèn apatya | iku paman Si Arya Mandurèki | iya sun tuduh lumaku | nindhihi wadyèng Tênggal[98] | agawaa wong Jagasura sadarum | barênga lan lakunira | tur sêmbah radèn apatih ||
9. alêrês karsa panduka | iya paman nuli angkatna aglis | kabèh gêgamaning rèku | isun arsa umiyat | kyana patih tur sêmbah nolih ing pukur | asuwarèng wadyabala | budhal gêgaman pangarsi ||
10. umyang syarane kang bala | samya salawatan arame anèng margi |[99] lampahe [la...]
--- [f. 668v] ---
[...mpahe] tan kêna carub | galong salurah-lurah | sira radèn apatih majêng wotsantun | angaras padèng narendra | myang Tumênggung Rajaniti ||
11. mangaras-aras upada | sri narendra ngandika mring ki apatih |[100] nyangoni salamêt isun | kabèh sawadyanira | sigra lèngsèr saking ngarsanira prabu | anindhihi wadyanira | lan Tumênggung Rajaniti ||
12. tan owah lampahing bala | asri tinon kadya prawata gêni | gandera lawan lêlayu | abra lir paksi krêdha[101] | arêratyat[102] malêdug lir gunung apu | mawur katrajang prahara | ting karênyêp ting parêlik ||
13. sêmana para ulama | para khaji kathah samya umiring | wadya satêngah amuwus | nadyan dèn balangana | kopyah bae loji Sêmarang pan gêmpur | sampun karsaning Yyang Sukma | samya dhatêngakên kibir ||
14. ing marga datan winarna | ing Ungaran lampahira wus prapti | masanggrahan gangsal dalu | ya ta radèn apatya | animbali mring kaji Mataram gupuh | prapta rahadèn ngandika | kakang khaji sun angipi ||
15. sarupane wadya Cina | isun tingalakên dadi wong èstri | dika pardika puniku | matur khaji Mataram | igih pênêd watêke èstri puniku | salamêt lampah sampeyan | nanging rahadèn apatih ||
16. tan eca ing manahira | amiyarsa pradikane ki khaji | sigra tuwan Sayid Mahmud | matur ing radèn patya | kula bapak igih ngipi wau dalu | katingal watên dahana | dika bapak dèn purugi ||
17. ing gêni kalawan kula | samya kesah punang gêni nututi | pêdhang kula [ku...]
--- [f. 669r] ---
[...la] katon rutuh | anuli kêris kula | awèh dika puniki katingal runtuh | nulya kang jagat sadaya | bapak samya dadya gêni ||
18. kumêpyur radèn apatya | amiyarsa ipène Tuwan Sayid | pangandikanira arum | pênêd puniku tuwan | nanging sampun dika tutur liyanipun | gêntya ikang kawarnaa | Ki Arya Prigalayèki ||
19. wus mêdal sabalanira | miwah sira Pangeran Mangkubumi | Pangran Dipanagarèku | tuwin Pangeran Răngga | wus samêkta budhal saking alun-alun | gêgaman awarna-warna | kadya prawata kabêsmi ||
20. wadyaning para sêntana | tinon kadya sêkar sataman asri | gandera lawan lêlayu | amyang yèn tiningalan | syaranikang balakosya tri gumuruh | ing marga tan winurcita | pitung dalu anèng margi ||
21. wus prapta talatah Jipang | wong Mandura sampun miyarsa warti | yèn wong Kartasura rawuh | wadya tanpa wilangan | têtindhihe Rahadèn Prigalayèku | Pangeran Dipanagara | lan Pangeran Mangkubumi ||
22. katiga Pangeran Răngga | samya mundur prajurit Mandurèki | larod dhatêng ing Sidayu | tan watên ikang nglawan | lampahira wadyèng Kartasura rawuh | nagri Jipang wus kancikan | sirarya Prigalayèki ||
23. ngundhangi sagung dipatya | saha wadya măncanêgara sami | wong Gandhèk ikang tinuduh | nindhihi Surabaya | linampahkên lan wong Singanagarèku | wadyanira Prigalaya | kang bêkta wong Surawèsthi ||
24. dening nagari ing Jipang | ikang kinèn ngayumi ing wadya lit | sutanira Ki Mataun | dening nagri
--- [f. 669v] ---
Nglamongan | Ki Tohjaya ingantukkên malih sampun | têrtrêm[103] wong măncanêgara | ya ta Pangran Mangkubumi ||
25. ngandika mring Radèn Arya | Prigalaya kadipundi puniki | dawêg banjur mring Sidayu | puniku tuking mêngsah | saênggone kang musuh dawêg dèn êlud | aran wong kinon apêrang | pasthi musuh dèn parani ||
26. matur Arya Prigalaya | igih benjing pangeran dèn aririh | atur uninga rumuhun | dhatêng raka panduka | sri narendra bok ta dede karsanipun | aran mung nagari Jipang | kang kinèn ngrêbat kariyin ||
27. yèn sampun watên timbalan | lajêng dhatêng Sidayu igih gampil | pan igih samangsanipun | kawula apan darma | andhêdhèrèk ing sampeyan sapêpurug | sêmangke ajrih kawula | bok dèn dukani raka ji ||
28. kunêng ikang kawuwusa | wau sira rahadèn rêkyana patih |[104] wus budhal sawadyanipun | saking desa Ngungaran | sampun prapta Paterongan lampahipun | lajêng samya masanggrahan | gumyah syarane kang dasih ||
29. Ki Rajaniti pinêrnah | ing gêgunung saha bala mênuhi | wadya pasisir sadarum | sagunging pra dipatya | samya sowan ing rahadèn patih wau | miwah pun Singsèh Sapanjang | saha wadya amanggihi ||
30. prasamya suka sadaya | dening senapatinira wus prapti | radèn patih ngandika sru | enjang padha kiraba | lêlèdhèkên Kumpêni dimone mêtu | dèn gumuruh surakana | ayya na mundur ing jurit ||
--- [f. 670r] ---
160. Durma
[Wadya Kartasura dipunbantu wadya Cina perang mengsah kumpeni. Radèn Malayakusuma kasoran mengsah kumpeni.[105]]
1. tan winarna ing dalu wuwusên enjang | sagunging pra dipati | ngirabakên wadya | miwah prajurit Cina | saha surakira atri | kang kawarnaa | wau bala Kumpêni ||
2. saadhiya mêdal magut ing ayuda | nêmpuh bitinging rèki | Ngabèi Têrbaya | lajêng têmpuh ing yuda | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | sigra dènnya nulungi ||
3. tinindhihan maring Radèn Martapura | wong Cina ngamuk wani | Kumpêni apanggah | ramenira ayuda | Kumpêni kathah ngêmasi | pan ingamukan | kalawan pêdhang abir ||
4. pan kasamput ing dalu sapihing yuda | ing enjangira nênggih | Radèn Martapura | lan Ngabèi Têrbaya | sowan mring radèn apatih | ambêkta uta- | manggane wong Kumpêni ||
5. sapraptane ing ngarsanira rahadyan | katur solahing rèki | duk abadayuda | apatih lakung suka | sigra kinèn amanjêri | ing pabitingan | amudhut[106] radèn patih ||
6. yatra kawan atus sarwi angandika | nya tampanana iki | patêdhan sang nata | radèn wêratakêna | marang ing wadyaning rèki | matur sandika | Radèn Martapurèki ||
7. mundhut malih tigang atus praptèng ngarsa | ngandika mring ngabèi | iki tampanana | pêparinge narendra | Ngabèi Têrbaya aglis | majêng tur sêmbah | ngandika radèn patih ||
8. wêratakna maring batur-baturira | dèn padha anglabuhi | ing karya sang nata | yèn nagri dalêm arja | têkan anak [a...]
--- [f. 670v][107] ---
[...nak] rabinèki | milu karêksa | dèn padha ngrasa ugi ||
9. lamun ikang sinandhang lawan pinangan | bêrkate sri bupati | Ngabèi Têrbaya | matur sarwi karuna | angabdi tan darbe urip | lakung sih marma | tan sagêd amangsuli ||
10. nulya samya tinundhung mring pamondhokan | wêtawis tigang latri | wong Kumpêni mêdal | angilèn lampahira | Sabukalu kang ginitik | bitinganira | rame campuhing jurit ||
11. Ki Tumênggung Makuyuda amiyarsa | lawan Ki Wiranèki | atêtulung sigra | rame abêbêdhilan | Sabugalu angudhuni | sawadyanira | nêmpuh angamuk wani ||
12. ikang wadya Kumpêni panggah ing yuda | rame ukih-ingukih | rukêt lawan pêdhang | sagung prajurit Cina | samya ngantêp ing ajurit | wus kathah pêjah | Cina miwah Kumpêni ||
13. Sabugalu pangamukira lir yaksa | kalawan pêdhang abir | gêmpang kang katrajang | Kumpêni kathah pêjah | mundur kang bala Kumpêni | prajurit Cina | samya angêlud ngusir ||
14. wong Kumpêni undure alêlumbungan | pan maksih abêdhili | Sabugalu kêna | kêkêmpunge kang kiwa | pan anglês mimisirèki | wus ginosongan | wong Cina mundur sami ||
15. amakuwon Sabukalu sampun sayah | katur mring radèn patih | amaringi sigra | jêjampi lawan yatra | kalih atus duta prapti | saha pariksa | wau dènira kanin ||
16. sawusira pariksa duta wus nulak | katur mring radèn patih | lakung ngungunira | angrês wong pabarisan | dening Sabukalu [Sa...]
--- [f. 671r] ---
[...bukalu] kanin | apan wong Cina | tan watên angalangi ||
17. kadya Sabukalu pêpurunanira | ya ta warnanên latri | pabitinganira | Sabukalu kalawan | Tumênggung Makuyudèki | myang Wiraguna | kinarutug ing bêdhil ||
18. tan akèndêl mariyêm saking palatar | wong Jawa amalêsi | ramya abêdhilan | sadalu datan pêgat | saha surakira atri | kang kawarnaa | radèn rêkyana patih ||
19. pan ing pukul gangsal mugèng palataran | saha ngandika aris | mring kang wadya lurah- | ira wong Jayataka | ngêndi kanene[108] sawêngi | podhoke[109] sapa | kang kinarutug bêdhil ||
20. dene durung ana kang atur uninga | priksanên sira Patih | Surajaya egal | sigra duta umêsat | lan Surajaya wus panggih | gyan dhinawuhan | satimbalaning gusti ||
21. aturira Ki Ngabèi Surajaya | punika yèn watawis | biting Makuyudan | lan biting Wiragunan | andika matur ing gusti | lamun sêmbada | sawarnine prajurit ||
22. akiraba jèjèra ing ara-ara | wangsul punang duta glis | katur aturira | Ngabèi Surajaya | ngandika rahadèn patih | ya undhangana | kancamu konên aglis ||
23. sira payo dhingin mêtu lawan iwang | sigra rahadèn patih | mêdal mung sakawan | wadyanira tut wutat | nanging wus busanèng jurit | jumênêng ngandhap | ing Ngasêm mundhut aglis ||
24. bêndhe kinèn anêmbang munya angakang | kumrab ikang prajurit | nanging dèrèng tata | mêdal asalang tunjang | gugup umiyat ing gusti | dening wus mêdal [mê...]
--- [f. 671v] ---
[...dal] | dadya arêbut dhingin ||
25. sarêng mêdal kang wadyabala Wêlănda | mêdal saking ing loji | arsa ngantêp yuda | agamêng lampahira | ikang kilèn apan maksih | abêbêdhilan | Kumpêni amêdali ||
26. pan angetan Singsèh pabitinganira | ikang arsa anggitik | myang bitinganira | Rahadèn Martapura | lan Ngabèi Têrbayèki | têmpuhing yuda | rame bêdhil-binêdhil ||
27. Ki Ngabèi Têrbaya sawadyanira | nêmpuh angamuk wani | Radèn Martapura | mangsah nindhihi Cina | arame bêdhil-binêdhil | prajurit Cina | samya mangamuk ngukih ||
28. ikang wadya Kumpêni panggah ing yuda | angêdrèl wanti-wanti | kukusing sundawa | pêtêng lir ampak-ampak | wong Cina wus kathah mati | ing wuri prapta | ngamuk lan pêdhang abir ||
29. Bugis Ambon Sêmbawa lawan Makasar | kang samya anadhahi | pan karoban lawan | mundur kang wadya Cina | Ki Ngabèi Têrbayèki | anglambung yuda | Kumpêni kyèh ngêmasi ||
30. sigra nêmpuh Kumpêni bitingan Dêmak | apan ingêbyok wani | ingurugan gurnat | Tumênggung Wirasastra | lumalya atigal biting | wus ingobongan | marang bala Kumpêni ||
31. mingêr ngilèn nêmpuh pabitinganira | Dyan Mlayakusumèki | ramya katadhahan | Radèn Malayakusuma |[110] kagunganira nrêpati | mriyêm kagungan | Ki Sisik dèn adhêpi ||
32. ikang wadya Kumpêni sarêng nêrajang | angêndrèl[111] wanti-wanti | sira Radèn Arya | Mlayakusuma tadhah | wau mariyêm Ki Sisik | kinèn nyumêda | mring kang wadya Sragêni ||
--- [f. 672r] ---
33. dyan sinumêd Saragêni tiba glimpang | saking ing Baluwarti | Kumpêni nêrajang | Radyan Mlayakusuma | wadyane kathah kang kanin | mantri Ki Dêmang | Sawakul angêmasi ||
34. ikang tatu Rahadèn Sutasêntana | wadya lit kyèh ngêmasi | sira Radèn Arya | giris nguncati yuda | dhadhal sawadyanirèki | pondhokanira | prasamya dèn êbongi[112] ||
35. ya ta wau rahadèn rêkyana patya | miyat musuh dhatêngi | amundhut turăngga | mring gamêl lurahira | Ki Rêksapada namèki | kêkambilana | Si Kidung ta dèn aglis ||
36. pan pun Kidung punika kinudang-kudang | titihaning ajurit | tan adangu prapta | kuda wus tinitihan | masah rahadèn apatih | bala kang mugèng |[113] ngarsa arêbut dhingin ||
37. wong Ajayamênggala kang mugèng ngarsa | lawan wong Jayènglatri | wong Sêcanirbaya | lan wong Jayaparusa | wong Tanpagêmpung lan malih | wong Tanparaga | kang samya mugèng ngarsi ||
38. dene ikang cêlak lawan gustinira | wadya Jayèngastrèki | lan wong Jayataka | miwah wong Narataka | wong Anirmala lan malih | wong Kapêtêngan | garêbêg kanan kering ||
39. wadyabala Kumpêni angusir samya | ing Radèn Arya nênggih | Malayakusuma | lajêng pangêludira | wadyane radèn apatih | katunjang samya | kalulun ing wadyèki ||
40. Radèn Arya Malayakusuma dhadhal | milya lumalya ngisis | wau radèn patya | kèndêl ing lampahira | turangganira tan kêni | lêlarèn ngarsa | jêblog kudaning rèki ||
41. cinamêthi pun Kidung mogok kewala | saksana dèn udhuni |
--- [f. 672v] ---
ginêbug landheyan | mêksa pamagokira | sru ngandika radèn patih | jaran kaparat | tan kêna dèn bêciki ||
42. ulihêna Si Rondhon kêkambilana | nêmbah Rêksapada glis | kuda wus binêkta | mantuk mring pamondhokan | pun Rondhon dèn kêkambili | bala pangarsa | tan wruh gustining rèki ||
43. lamun kèndêl angantosi kang turăngga | kuwur tataning baris | wau kang turăngga | pun Rondhon sampun prapta | sigra rahadèn apatih | nitih turăngga | umasah ing ajurit ||
44. amung wadya Jayataka mugèng ngarsa | lan Narataka malih | lan wong Jayèngastra | wus campuh ing ayuda | kalawan bala Kumpêni | pangêdrèlira | Kumpêni wanti-wanti ||
45. tinadhahan marang wadya Jayataka | rame bêdhil-binêdhil | syaraning sanjata | lir rugrug kang pratala | bala Kumpêni ngêbyuki | pangêdrèlira | tan agop wanti-wanti ||
46. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | wadyane radèn patih | mawur asasaran | sira radèn apatya | maksih angajêngkên dasih | wong Jayataka | lan wong Naratakèki ||
47. lan wong Jayèngastra lawan wong Nirmala | nanging akathah kari | lèring Paterongan | sabin jêblog aluran | lan adrês mimis Kumpêni | satêngah wadya | samya ngantun ing wiking ||
48. sarêng prapta sawadyaning adilaga | radèn rêkyana patih | angawaki yuda | ulêt sabin sakothak | lawan kang bala Kumpêni | kesisan wadya | ingêdrèl wanti-wanti ||
49. winatawis amung wadya kalih dasa | kang mugèng kanan kering | ikang anèng ngarsa | amung têtiyang gangsal |
--- [f. 673r] ---
Ki Martayuda namèki | sanak putunya | lan para lurah katri ||
50. sênjatane ikang samya mugèng ngarsa | lagya mungêl ping kalih | samya nandhak tumbak | lêlurah Jayataka | wit[114] pandhan dèn parêpêki | arsa ampingan | pandhan wus dèn ênggoni ||
51. dening bala Kumpêni anulya nyipat | wong Jayataka kêni | pêpilinganira | Goplêm pan kapisanan | wong Anirmala nulungi | Baud namanya | lan kancane satugil ||
52. tinadhahan ingêdrèl pan sampun pêjah | wong Nirmala kêkalih | lan wong Jayantaka | ikang bêkta gandera | kêni pan sampun ngêmasi | radèn apatya | duka yayah sinipi ||
53. anrêgakên wadya sakarine pêjah | gêrgut mangsah ngawaki | sumung-sumung ing tyas | jaja mawinga-winga | wau kang bala Kumpêni | mundur sadaya | wangsul bantune prapti ||
54. mangsah malih ngêdrèl ping kalih rambahan | panggah radèn apatih | ajur sasongira | saking pangêdrèlira | adrêsing mimis Kumpêni | radèn apatya | maksih rinêksèng Widi ||
55. kudanira pun Rondhon kêni sanjata | lêlêmpènge kang kering | turăngga ajingkat[115] | nanging radèn apatya | maksih ngamuk ing ajurit | tan piniyarsa | kang putra jêlih-jêlih ||
56. Radèn Natawijaya sarwi karuna | dawêg mundur kiyai | pan wadya panduka | punika sampun risak | ingayumana rumiyin | yèn sampun pêpak | benjang amagut malih ||
57. tan piyarsa maksih nêngah ing ayuda | kang putra jêlih malih | kiyai turăngga | pun Rondhon nyandhang tiwas | lêmpènge punika [puni...]
--- [f. 673v] ---
[...ka] kêni | kagyat kang rama | sarwi nolih ing wuri ||
58. tiningalan pun Rondhon lêlêmpèngira | butul rahnya umijil | ya ta angandika | hèh payo Martayuda | isun unduri rumiyin | salin turăngga | mêngko umasang[116] malih ||
59. nulya mundur awatara têbahira | Kumpêni tan angusir | kèndêl sira radyan | mugèng sandhaping kamal | miwah kang bala Kumpêni | mundur sadaya | kèndêl ngarsane biting ||
60. sira radèn têdhak saking ing turăngga | kinèn ngantokna[117] aglis | marang pasanggrahan | prapta wus cinuculan | gumêtêr nulya ngêmasi | katur rahadyan | lakung ngunguning rèki ||
61. Sayid Mabub nusul marang ing payudan | panggih lan radèn patih | maksih yun-ayunan | apan arsa ngamuka | ngaturi umangsah malih | nadyan ngandika | mangke tuwan dèn ririh ||
62. lagya ngumpulakên wadya kang kapisah | gyan kinèn ajagani | Tuwan Sayid ika | mênawi mêngsah yuda | lajêng dènnya wara-wiri | ing ngarsanira | radèn rêkyana patih ||
63. ikang wadya Kumpêni kumpul barisnya | aglar ngarsane biting | ajêjêr kewala | praptèng kumpul satunggal | tan obah dènira baris | ing wanci asar | mundur bala Kumpêni ||
64. sira radèn apatih sawadyanira | nimbangi mundur sami | samya masanggrahan | ing wakang pabitingan |[118] Kumpêni tan angênggèni | tuwin wong Jawa | tan purun angantuni ||
65. sagunging prang[119] dipatya mundur sadaya | myang wadya Cina sami | mundur barisira | tan ana kang maguta | atawis[120] ing pănca latri | sira Kapitan | Singsèh sawadyanèki ||
66. sowan marang rahadèn rêkyana patya | nuhun pêrnahing rèki | dènnya bêbitingan | sira radèn apatya |
--- [f. 674r] ---
emut supênane nguni | lamun wong Cina | katingal dadi èstri ||
67. wus pinêrnah anunggil lawan Sapanjang | kulon dadi sawiji | sira radèn patya | akèn akarya surat | mring carik atur upaksi | yèn adanira[121] | ana sor ana ngigil ||
68. êpur sapih maesa duta wus mêsat | ing marga tan winarni | praptèng Kartasura | wus panggih ikang duta | lan Tirtawiguna nênggih | katur kang surat | saking radèn apatih ||
69. tinupiksa lajêng katur ing sang nata | ngungunira tan sipi | dene amiyarsa | dènnya kesisan bala | dadya ngawaki pribadi | alon ngandika | si paman nêniwasi ||
70. durung pira dan nuli kesisan bala |[122] di ana senapati | nuli ngadu awak | lagya pêpucuking prang | paran ta dadine benjing | Tirtawiguna | nêmbah turira manis ||
161. Dhandhanggula
[Tumenggung Tirtawiguna dipunutus déning nata Kartasura supados rembagan kaliyan komasaris saha pangéran Natakusuma ing Semarang, badhé perang mengsah wadya Cina.[123]]
1. igih lêrês pangandika aji | abdi dalêm pun Natakusuma | yèn mêkatêna tandange | pan agal wawratipun | anglèngsêmi[124] ing sri bupati | prasasat sri narendra | likab samiripun | pasthi ngèsêman dèn mêngsah | angandika wau ta jêng sri bupati | iya Tir wis mêtua ||
2. lah warahên dutane si patih | aja yuda yèn durung samêkta | angayumana yudane | gya Tirtawiguna wus | mêdal saking ing dalêm puri | sapraptanira jaba | lan duta wus tundhuk | dhinawuhakên timbalan | nanging layang boya kalilan ngasuli | manira jrih matura ||
3. duta umêngsat saking ing ngarsi | tan winarna ing marga wus prapta | nagri Sêmarang enjinge | duta agya tumanduk | ngabyantaranira apatih | katur saaturira | miyarsa angungun | kèndêl datan angandika |
--- [f. 674v] ---
duta matur angaturakên pawarti | susahing Kartasura ||
4. angandika rahadèn apatih | iya apa ikang dadi susah | kang duta atur sêmbahe | sampeyan kang misuwur | tumpês anèng madyaning jurit | marma duk surat prapta | andikaning prabu | kinèn ngundhangkên sadaya | dadya têntrêm manahe kawula alit | mèsêm rahadèn patya ||
5. duk sêmana kèndêl punang jurit | datan watên kang larag-linarag | eca yun-ayunan bae | ya ta ikang winuwus | Komasaris Johan Mantèli | lan Komasaris Tuwa | katiga kumêndur | lagya samya abicara | sawusira bicara Gandhèk pinanggil | pan wus ginawan surat ||
6. kinèn mantuk mring Kartasura glis | surat katura ing sri narendra | mêtua pabitingane | ya Ki Wirasastrèku | amundhut wong Makasar siji | marang Dhaèng Mabelah | ngêsrahakên wau | Gandhèk marang Wirasêstra | lampah dalu wong têtiga sampun prapti | pondhoke Wirasastra ||
7. Wirasêstra angungun tan sipi | linajêngakên mring Kartasura | kinanthenan utusane | ing marga tan winuwus | praptèng nagri Kartasurenjing | lawan Tumênggung Tirta- | wiguna wus pangguh | ikang sêrat wus tinampan | tiningalan lamate katur nrêpati | kagyat Tirtawiguna ||
8. sigra dènnya sowan mring jro puri | sira Tumênggung Tirtawiguna | ing atur wus nyanthèlake | ngandikan praptèng ngayun | surat katur ing sri bupati | sigra dènnya nupiksa | bêbukaning têmbung | katura [ka...]
--- [f. 675r] ---
[...tura] tabe kawula | pun kumêndur kalawan pun komasaris | wiyose tur uninga ||
9. abdi dalêm wong Gandhèk kêkalih | kang kacêpêng dhatêng pun Mandura | mangkya katura sang rajèng | lawan ta malihipun | sakathahe kang mugèng tulis | saha tur-atur kula | pan timbalanipun | pan igih eyang panduka | tuwan jendral kawula dèn pidadosi[125] | rumêksèng padukendra ||
10. lakung sungkawa ya ta ing galih | tuwan jendral myang Rat Pêni Diya | sadaya wagugên tyase | yèn èstua sang prabu | nêdya ngrisak bala Kumpêni | tan ajrih ing ayuda | mung pangowêlipun | yèn panjanga kang lampahan | datan sande risake ing tanah Jawi | sitên kang kaecalan ||
11. mila Kumpêni nèng tanah Jawi | igih saking para Raja Jawa | kang suwargi pasihane | pinaring panganipun | kang rumêksa ing siyang latri | pangagêpe suwita | tan amalih dulu | sèwu sumpang tan anêdya | sèdhèng ing tyasipun angregoni kraton Jawi |[126] mung igih mrih raharja ||
12. sarêng mirsanira sri bupati | kèndêl dangu datan angandika | sira Tirtawigunane | pan sampun kinèn mêtu | enjang kinèn asaos malih | lan Gandhèk kinèn bêkta | marang wismanipun | kunêng ikang kawuwusa | Radèn Natakusuma duk animbali | marang Singsèh Sapanjang ||
13. prapta cundhuk lan radèn apatih | ya ta alon dènira ngandika | Radèn Natakusumane | dening lawas sirèku | nora seba-seba mring kami | yya susah manahira | pan wus jamakipun | wong apêrang kalah mênang | karsani [karsa...]
--- [f. 675v] ---
[...ni] Yyang yya cilik atining rèki | matur Singsèh Sapanjang ||
14. kadi punapa radèn apatih | yèn batêna alit ikang manah | ujar[127] wong Jawa tatane | tan rêmên dadya batur | along dadya mêngsah ing batin | yèn sampun mêkatêna | dèn atêmah lêbur | wong Cina măngsa giganga | saking bitingan dika radèn apatih | lah iya iku sapa ||
15. Singsèh Sapanjang umatur aris | kula botên purun umatura | măngsa supea rahadèn | wong Cina kathah kang wruh | akintun wos dhatêng ing loji | aprang marahi dhadhal | wèh babahing musuh | Rahadèn Natakusuma | graitèng tyas pangandikanira aris | ya uwis sun kaduga ||
16. iya besuk sun ngaturi tulis | marang ing kanjêng sri naranata | kayaparan ing karsane | Singsèh Sapanjang nuwun | amit mantuk wus dèn paringi | kêton ani[128] bêlah |[129] suka ing tyasipun | Rahadèn Natakusuma | sigra dènnya utusan ngaturi tulis | mring nagri Kartasura ||
17. tan winarna ing marga wus prapti | Kartasura surat wus tinampan | marang Tirtawigunane | tinupiksa kang têmbung | pan katura ing sri bupati | ngaturkên pêjah gêsang | lawan sêmbahipun | punapa kang lêlampahan | kinarsakên igih acêndhêking rèki | punapa pinanjangna ||
18. kagyat Tirtawiguna miyarsi | lajêng dènnya sowan mring jro pura | wus prapta ing pasowane | gya nyanthèlakên atur | nuwun seba wus dèn timbali | prapta ngarsa narendra | suratira katur | punika saking pun paman | tinupiksa kapyarsa têmbunging tulis | dangu tan angandika [anga...]
--- [f. 676r] ---
[...ndika] ||
19. ya ta nulya angandika aris | kaya priye Êtir pikirira | Tirtawiguna ature | măngsa barong pukulun | sri narendra ngandika malih | ora têka matura | satêmêne iku | ayya sira taha-taha | sigra nêmbah Tirtawiguna turnya ris | yèn ing mênggah kawula ||
20. abdi dalêm pun paman apatih | ujukipun mêkatên punika | sampun mênggahing liyane | yèn kênia pukulun | igih pinitajêngan kardi | pun paman adipatya | makatên turipun | sri naranata ngandika | iya nuli mêtua warahên aglis | dutane si apatya ||
21. kinèn ngayumi wong cili dhingin | besuk esuk sira asaosa | tur sêmbah agya wêdale | sapraptanira pangguh | lan dutane radèn apatih | pan sampun dhinawuhan | timbalan sang prabu | sêrat nora ingasulan | duta mêsat ing marga datan winarni | praptèng nagri Sêmarang ||
22. sampun tundhuk lan radèn apatih | duta nêmbah matur solahira | ing purwa myang wasanane | tan antuk angsul-angsul | lakung dènnya sukawèng galih | Radèn Natakusuma | gêntya kang winuwus | Tumênggung Tirtawiguna | lawan kanjêng ratu ibu wus akait | anyêndhak lêlampahan ||
23. apa salire prakawisnèki | sira Tumênggung Tirtawiguna | kang abăngga ing dhèwèke | jaluk pangawasanipun |[130] ginêcêka marang wong Jawi | nêmbah Tumênggung Tirta- | wiguna umatur | yèn suwawi lawan karsa | komasaris kinèn arêmbuga pikir | lan pun Natakusuma ||
24. agêcêka ing
--- [f. 676v] ---
wong Cina gusti | yèn sampun rêmbag lawan pun paman | pan agampil masalahe | angandika sang prabu | ya mêtua nulisa aglis | yèn wis dadi banjurna | kagawaa iku | bocahe Si Wirasastra | bocah Gandhe[131] ayya milu bali maning | tur sêmbah nulya mêdal ||
25. Ki Tumênggung Tirtawiguna glis | sawusira dadya punang surat | pinaringakên dutane | Kyai Wirasastra wus | mêsat duta saking nagari | ing marga tan ingucap | ikang duta sampun | praptèng nêgari Sêmarang | panggih lawan Tumênggung Wirasastra glis | duta kinèn lajua ||
26. tumamèng loji duta wus amit | pan ing dalu wanci pukul sanga | prapta wus panggih lan Dhaèng | Mabelah surat katur | mring kumêndur lan komasaris | amanggil juru basa | winaos kang têmbung | dènnya nuhun mring sang nata | kinèn rêmbag lawan dèn rêkyana patih | lakung tusthi[132] miyarsa ||
27. wusnya dadya bicara amanggil | mring Kumpêni pun Dhancin[133] namanya | arsa dinuta lampahe | ambêkta suratipun | katur marang rêkyana patih | pun Dhanci sigra mêdal | prapta jawi sampun | sarwi nyangking sèwèk pêthak | usap tangan wus prapta jawining biting | kagyat wong Jawa miyat ||
28. ngawe-awe ing jêjarit putih | kang satêngah wastani[134] gandera | nulya cinêlakan age | pun Dhanci nguwuh-uwuh | atêrêna manira iki | seba ing radèn patya | manira ingutus | angaturakên kang surat | komasaris katur ing radèn apatih | wong Jawa saturira ||
29. iya êndi layangira dhingin | sun aturne pun Dhanci
--- [f. 677r] ---
angucap | yèn kajaluk sun tan awèh | atêrna bae tèngsun | gya kinandhang wau pun Dhanci | ingiring lampahira | prapta pondhokipun | ing Ngabèi Surajaya | sêrat katur pun Dhanci binêkta aglis | sowan wus praptèng ngarsa ||
30. sêrat katur mring radèn apatih | tinupiksa têmbunge kang sêrat | kula ngaturakên tabe | lawan ta malihipun | pan kawula ingutus nênggih | dhatêng sri naranata | nênuwun pitulung | aprakawis kang wong Cina | dèn rusaka kang samya băngga Kumpêni | timbalane sang nata ||
31. mring kawula igih ananggupi | nanging kawula igih rêmbaga | gih lawan andika radèn | anyirnakna puniku | ing wong Cina surat wus titi | ya ta radèn apatya | miyarsa angungun | ngandika mring Surajaya | kaya priye iki tuture Kumpêni | timbalane sang nata ||
32. yèn nyataa timbalan nêrpati | dening nora dhawuh marang iwang | iya ta apa sawabe | Ki Surajaya matur | bilih-bilih gusti mênawi | sagêdipun Wêlănda | anyakorong[135] atur | Rahadèn Natakusuma | angandika marang Sutamênggalèki | sira dhèwèk miyanga ||
33. mring Kartasura aturna aglis | layang iki marang sri narendra | lan ngatasa kang pindhone | yèn atur sêrat isun | têka nora dèn patêdhani | asul-angsulan sêrat | apa sawabipun | kang tinuding atur sêmbah | mêsat saking ngarsane radèn apatih | pun Dhanci kawarnaa ||
34. pinaringan sul-angsul wus amit | lampahira jro loji wus prapta | kang sêrat ingaturake | mring komasaris [komasa...]
--- [f. 677v] ---
[...ris] Hugu- | pêrisêl lan Johan Mantèli | binuka tinupiksa | wau ikang têmbung | komasaris pêkênira | kirim layang wus manira tupiksani | sakabar pêkênira ||
35. apan ta lagi manira pikir | dening besuk manira kokonan | yèn dadi pikire têmbe | kunêng ta kang winuwus | dutanira rêkyana patih | wus prapta Kartasura | panggih lan Tumênggung | Tirtawiguna tinampan | sêrat saking rahadèn rêkyana patih | binuka wus kadriya ||
36. Ki Tumênggung Tirtawiguna ngling | mèsêm marang Ki Sutamênggala | puniki adhi lamine | kang kula ayun-ayun | mila kula angarsi-arsi | wus ping kalih utusan | anuwun pitulung | Kumpêni maring sang nata | nanging dèrèng kapatêdhanan ubanggi | sêrat tan winangsulan ||
37. nulya sowan marang ing jro puri | sira Tumênggung Tirtawiguna | sampun ingandikan age | wus praptèng ngarsa prabu | raèsing[136] rat saking Sêmawis | katur ing sri narendra | ing saaturipun | Rahadèn Natakusuma | angandika alon kajêng sri bupati | nuli kirima layang ||
38. iya marang si paman apatih | apa barang pikire Wêlănda | dèn turuta sapatute | lan agawea iku | kang pirapêt kadya ing nguni | iya măngsa bodhoa | ing rèh kang anuju | ing paman Natakusuma | agawea lawêd mring si komasaris | pirapêting arênggang ||
39. nanging aja pati anglanggati | dèn panggunga akuh sawêtara | ayya kasoran alane | uwis mêtua yèn wus | layang dadi lakokna nuli | sigra Tumênggung Tirta- | wiguna wotsantun | mêdal saking ing jro pura | sapraptane ing jawi anênulisi | dadya gya kinèn bêkta ||
40. mring dutanira rahadèn patih | mêsat saking [sa...]
--- [f. 678r] ---
[...king] nagri Kartasura | tan winurcipta margane | nagri Sêmarang rawuh | duta lajêng marêk ing gusti | katur kang punang surat | tinupiksa gupuh | myarsa têmbunging nawala | pan alênggêr rahadèn rêkyana patih | ing wanci bakda ngisa ||
41. animbali mring Ki Rajaniti | prapta tundhuk lan radèn apatya | alon ing pangandikane | iya kaki tumênggung | kadipundi lakon puniki | angrasa nora bisa | Rajaniti matur | sitên sagêd nglampahana | yèn makatên sawung atarung upami | cucuke dèn kalêthak ||
42. igih dhatêng botohe pribadi | Radèn Natakusuma ngandika | lamun mêkatên kanthane | kakang ing turun pitu | ayya ana ikang nglakoni | kaya lêlakon iwang | anak putunisun | Ki Rajaniti turira | turun sanga rèh kula ikang anunggil | lawan êroh sampeyan ||
43. igih sampun kongsi anglampahi | ikang kadya ing lampah panduka | he Allahumma batngide[137] | adoh raryya kapranggul | ing lêlakon ikang manthalit | muga dèn parêpêkna | lêlakon kang tuhu | kang apadhang têrawangan | boya èci lêlakon mêngkene iki | bonggan ingkang kasmaran ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.331. (kembali) |
2 | Tanggal: gana rêtuh bahing rat (AJ 1666). Tahun AJ 1666 jatuh antara tanggal Masehi: 19 Maret 1741 sampai dengan 8 Maret 1742. Lihat juga: naga rêtu bahing rat (AJ 1668) (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 13.5.10). (kembali) |
3 | ngungsèkkên (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.332, Pupuh 152.10.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.10.3). (kembali) |
4 | miwah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.332, Pupuh 152.17.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.17.3). (kembali) |
5 | mariki ingsun (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.22.9). Bandingkan: marini nêdya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 187.36.9). (kembali) |
6 | wêwêling (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.333, Pupuh 152.24.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.24.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 187.38.5). (kembali) |
7 | nyolong (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.333, Pupuh 152.25.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 187.39.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.25.7). (kembali) |
8 | angungsi-ungsi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.334, Pupuh 152.27.9; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.27.9). (kembali) |
9 | Bandingkan: kalih adhêdhuwungan (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.31.10). (kembali) |
10 | sinungga-sungga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.334, Pupuh 152.32.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.32.1). (kembali) |
11 | kintèki. Bandingkan: kentaki (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.33.1). (kembali) |
12 | apatih (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.34.3). Bandingkan: he patih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.334, Pupuh 152.34.3). (kembali) |
13 | amboboka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.335, Pupuh 152.38.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 190.22.2). (kembali) |
14 | Numbakanyar (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.335, Pupuh 152.39.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 190.23.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.39.7). (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sira Tumênggung Jayasudirga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 190.26.2); Kya Tumênggung Anjayasudirga (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.42.2). (kembali) |
16 | pracayakkên. Bandingkan: mracayakkên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 190.27.1). (kembali) |
17 | binantokakên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.336, Pupuh 152.46.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 190.30.9; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.46.9). (kembali) |
18 | punggawa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.336, Pupuh 152.51.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 190.35.10; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.51.10). (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a. Bandingkan: lawan kang tri punggawa (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 2.51.10); lawan katri punggawa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 190.35.10). (kembali) |
20 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.337. (kembali) |
21 | Suradigdaya (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.5.6). Bandingkan: Suradigdaa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.337, Pupuh 153.5.6); Suradilaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.7.6);. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: angirid gêgaman (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.9.3); ngirid gamanira (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.7.3). (kembali) |
23 | marakkên. Bandingkan: maringkên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.13.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.11.3). (kembali) |
24 | Goplêm (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.338, Pupuh 153.14.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.14.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.16.2). (kembali) |
25 | ambobok (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.19.3). (kembali) |
26 | laleyan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.19.3). (kembali) |
27 | anênggih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.22.5). Bandingkan: nênggih (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.20.5); yan nênggih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.338, Pupuh 153.20.5). (kembali) |
28 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: munggah marang lotèng ngundang budhakira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.25.1); minggah lotèng cêluk marang budhakira (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.23.1). (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mila angati-ati (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.25.7); mila wus ngati-ati (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.23.7). (kembali) |
30 | lêlompongan. Bandingkan: lomponganing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.31.5); lalompongan (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.29.5). (kembali) |
31 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: Ki Tumênggung Nata- | yuda lan Wirajaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.33.3–4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.31.3–4). (kembali) |
32 | Bandingkan: Dêmang Kondur namèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.35.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.33.7). (kembali) |
33 | Bandingkan: lêbu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 191.51.7); alêbu (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 3.46.7). (kembali) |
34 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.341. (kembali) |
35 | anyangkirang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 182.12.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 4.11.4). (kembali) |
36 | Ping Bulung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 192.24.1). (kembali) |
37 | laleyan (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 4.35.5). (kembali) |
38 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid21.345. (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: katêmèng wuri wong jaluk idi (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 5.1.1); katêmu wuri wong jaluk idi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 193.1.1). (kembali) |
40 | karsanta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.345, Pupuh 155.2.1). Bandingkan: karsa ta (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 16.2.1). (kembali) |
41 | Leyang (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 5.5.1). (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pun Cik Leyang lan pun Êncik Êtik (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 5.5.1). (kembali) |
43 | Bandingkan: pikir lan bangsamu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 193.9.6). (kembali) |
44 | undhuk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.346, Pupuh 155.13.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 193.11.1). (kembali) |
45 | kidak-kidak. Bandingkan: ngidak-idak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 193.14.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 5.16.4). (kembali) |
46 | Langpèl (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 193.18.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 5.20.3). (kembali) |
47 | pilih (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 5.23.1). Bandingkan: amiliha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 193.21.1). (kembali) |
48 | Bandingkan: pra dipati cape rinarèntèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 193.35.3); adipati cape rinarèntèng (1008, Pupuh 5.36.3); pra dipati caipirine rèntèng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.347, Pupuh 155.35.3). (kembali) |
49 | Bandingkan: kadudon (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 193.5.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 5.57.2). (kembali) |
50 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.350. (kembali) |
51 | bukak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.350, Pupuh 156.2.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.2.9; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 6.2.9). (kembali) |
52 | konjuk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.351, Pupuh 156.10.2). Bandingkan: katur (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.10.2). (kembali) |
53 | antawise (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.351, Pupuh 156.12.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.12.8). Bandingkan: wêtawise (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 6.12.8). (kembali) |
54 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pêpakan sontên wadya miranti (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 6.13.1). (kembali) |
55 | Gurnadur (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.22.1). (kembali) |
56 | Bandingkan: Natanagara (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.353, Pupuh 156.32.8). (kembali) |
57 | Sabukalu (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.353, Pupuh 156.35.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.56.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 6.35.4). (kembali) |
58 | Bandingkan: Ugapar Asêl (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.353, Pupuh 156.36.6); Hugupêrisêl (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.57.6), (kembali) |
59 | Bandingkan: wadya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.354, Pupuh 156.37.9). (kembali) |
60 | Bandingkan: Kabutuhan nèng ing lèpèng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.354, Pupuh 156.39.3). (kembali) |
61 | Sabukalu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.61.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 6.40.1). (kembali) |
62 | Bandingkan: Pulokap (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.63.10; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 6.42.10). (kembali) |
63 | Bandingkan: malih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.355, Pupuh 156.52.2). (kembali) |
64 | padhusunan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.356, Pupuh 156.55.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.76.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 6.55.5). (kembali) |
65 | makèwêdi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 194.78.1). Bandingkan: mangke wêdi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.356, Pupuh 156.57.1). (kembali) |
66 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.357. (kembali) |
67 | Răngga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.6.2). (kembali) |
68 | Bandingkan: lêlurah Răngga Êlik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.6.2); kasalusuban têlik (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.5.2); kapalaroga êlik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.357, Pupuh 157.5.2). (kembali) |
69 | kyai (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.357, Pupuh 157.6.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.7.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.6.4). (kembali) |
70 | ngrêbata (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.11.2; Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.357, Pupuh 157.11.2). Bandingkan: ngrêbat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.12.2). (kembali) |
71 | gudandap (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.30.5). (kembali) |
72 | Mandura. (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.359, Pupuh 157.30.1). Bandingkan: Madura (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.31.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.30.1). (kembali) |
73 | Kurang dua suku kata: nanging wuri wadya Mandura uninga. Bandingkan: nanging wuri bala Madura uninga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.31.1); kang ing wuri wadya Madura uninga (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.30.1). (kembali) |
74 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: dènnya rame barisan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.33.4); dènira bêbarisan (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.32.4). (kembali) |
75 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nagara kang pangirid (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.33.7); măncanagara ngiring (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.32.7). (kembali) |
76 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: panabrange manginggil anurut toya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.38.1); pan mangigil wau gènira anyabrang (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.38.1). (kembali) |
77 | Balora (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.359, Pupuh 157.38.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.38.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.38.2). (kembali) |
78 | Pangkah (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.360, Pupuh 157.47.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.47.2). (kembali) |
79 | animbali (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.360, Pupuh 157.49.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.49.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.49.1). (kembali) |
80 | Ujung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.51.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.51.6). (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong măncanêgara (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.53.3). (kembali) |
82 | nênggêl (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.361, Pupuh 157.56.3; Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 18.57.3). (kembali) |
83 | Surawèsthi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.362, Pupuh 157.73.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.73.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.73.7). (kembali) |
84 | Tumênggung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.362, Pupuh 157.74.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 195.74.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 7.74.1). (kembali) |
85 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 3.363. (kembali) |
86 | Bandingkan: Anombèr lan Asturwani (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.363, Pupuh 158.1.6); anom kaskaya tur wani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 196.1.6). (kembali) |
87 | bêboyongi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 196.9.4). (kembali) |
88 | gitik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 196.18.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 8.18.3). (kembali) |
89 | ngrêrisak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 196.19.6). (kembali) |
90 | Bandingkan: tan nêdya tarima rèngsun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.365, Pupuh 158.37.1); tan nêdya anari mring sun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 196.37.1). (kembali) |
91 | Bandingkan: paeka ya wong Mandura (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.365, Pupuh 158.40.3). (kembali) |
92 | Kurang satu gatra: gatra ke-5 (8a). Bandingkan: ing laut datan winarna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 196.45.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 8.44.5). (kembali) |
93 | Kurang satu gatra: gatra ke-6 (8i). Bandingkan: wus prapta nagri Samawis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 196.45.6); wus praptèng nagri Sêmawis (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 8.44.6). (kembali) |
94 | Bandingkan: pinanggih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.366, Pupuh 158.50.3). (kembali) |
95 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.367. (kembali) |
96 | Bandingkan: Tanpagêmpung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.367, Pupuh 159.3.5); Tanpagêmbung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.3.5). (kembali) |
97 | apangkat-pangkat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.367, Pupuh 159.7.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.7.2). Bandingkan: sapangkat-pangkat (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 9.7.2). (kembali) |
98 | Têgal (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.367, Pupuh 159.8.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.8.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 9.8.4). (kembali) |
99 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: samya salawatan samargi-margi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.10.2); samya salawatan ramya nèng margi (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 9.10.2). (kembali) |
100 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sri narendra ngandika mring apatih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.11.2); sri nalendra ngandika mring kya patih (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 9.11.2). (kembali) |
101 | krêndha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.12.4). (kembali) |
102 | arêratyan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.368, Pupuh 159.12.5). Bandingkan: arêratwan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.12.5). (kembali) |
103 | têntrêm (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.369, Pupuh 159.24.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.24.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 9.24.6). (kembali) |
104 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wau sira radèn rêkyana patih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 197.28.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 9.27.2). (kembali) |
105 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.370. (kembali) |
106 | amundhut (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.370, Pupuh 160.5.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.5.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.5.7). (kembali) |
107 | Halaman f.670v–f.671r terlewatkan oleh Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk. Jilid 2.370, mulai Pupuh 160.8.5 sampai dengan Pupuh 160.24.7, atau mungkin salinan mikrofilm yang digunakan tidak mencakup halaman-halaman tersebut. (kembali) |
108 | banène (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.19.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.19.5). (kembali) |
109 | pondhoke (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.19.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.19.6). (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Mlayakusuma (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.31.4); Dyan Mêlayakusuma (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.31.4). (kembali) |
111 | angêdrèl (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.32.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.32.2). (kembali) |
112 | obongi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.371, Pupuh 160.18.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.34.7). (kembali) |
113 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: wadya pangarsa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.36.6). (kembali) |
114 | Terdapat dobel sandangan: wit atau wèt. Bandingkan: wit (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.372, Pupuh 160.34.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.50.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.50.5; Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 21.50.5). (kembali) |
115 | anjingkat (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.372, Pupuh 160.39.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.55.3). (kembali) |
116 | umangsah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.59.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.58.7). (kembali) |
117 | ngantukna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.61.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.60.2). (kembali) |
118 | Bandingkan: wau kang pabitingan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.65.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.64.4). (kembali) |
119 | pra (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.373, Pupuh 160.49.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.66.1). (kembali) |
120 | antawis (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.373, Pupuh 160.49.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.66.5). (kembali) |
121 | Bandingkan: yudanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.68.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.67.6). (kembali) |
122 | Bandingkan: durung pra prang nuli kesisan bala (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 198.71.1); durung pira anuli kesisan bala (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 10.70.1). (kembali) |
123 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.374. (kembali) |
124 | anglingsêmi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.1.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.1.5). (kembali) |
125 | pitadosi (SYL1024, Pupuh 199.9.9; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.9.9). (kembali) |
126 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: sèdhèng ing tyas ngregoni karaton Jawi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.11.9); sèdhèng ing tyas ngranggoni karaton Jawi (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.11.9). (kembali) |
127 | Bandingkan: ajur (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.375, Pupuh 160.14.3); ujêr (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.14.3). (kembali) |
128 | aniga (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.16.6). (kembali) |
129 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kêton ngatiga bêlah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.16.6); kêton aniga bêlah (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.16.6). (kembali) |
130 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: jaluk pangwasanipun (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.23.4); jaluk pangwasaningsun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.31.4). (kembali) |
131 | Gandhèk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.376, Pupuh 161.24.9; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.32.9). (kembali) |
132 | tustha (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.34.10). (kembali) |
133 | Dhanci (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.35.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.27.2). (kembali) |
134 | mastani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.36.2). Bandingkan: mêstani (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.28.2). (kembali) |
135 | anyangkorong (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.377, Pupuh 161.32.7). Bandingkan: anyokèrong (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 22.40.7); anyang arong (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 11.32.7); anandi ing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.39.7). (kembali) |
136 | raosing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.377, Pupuh 161.37.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.44.5). (kembali) |
137 | bangide (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 199.50.3). (kembali) |