Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016 (Pupuh 162–170)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 678r lanjutan] ---
162. Asmaradana
[Kapitan Singsèh lan Sapanjang ngaturaken pejah gesang dhumateng pangéran Natakusuma. Arya Mandura sénapati perang Kartasura tiwas. Kumpeni badhé mengsah yuda kaliyan wadya Cina.[1]]
1. ya ta rahadèn apatih | adangu datan ngandika | saksana ngandika alon | marang Ki Nayamênggala | Gèbès sira ing kuna | duk anèng Bêtawi rawuh | iya kalawan Si Răngga ||
2. Gèbès umatur wotsari | pan igih wanuh kawula | rumiyin lakung pênêde | nanging ing mangke wikana | radèn patih ngandika | lah iya sira sun utus | lan Si Răngga atêmua ||
3. lamun sira dèn takoni | ayya yèn dinuta sira | ngakua
--- [f. 678v] ---
gawemu dhewe | pun Gabès sigra tur sêmbah | mêsat saking ngayunan | pan amamor lampahipun | prapta jroning pabitingan ||
4. pakuwone wus kapanggih | mas Răngga Tisnawijaya | kagyat ningali mring Gobès | sira dhi Nayamênggala | mèh ta pangling manira | sira dhi ana gawemu | Gobas alon saurira ||
5. damêl kawula pribadi | lami tan panggih lan kakang | Răngga Tisnawijaya lon | yèn sira adhi dinuta | payo sira ngakua | padha pasajan lan isun | iya adhi ngarah apa ||
6. mèsêm Nayamênggalèki | dhuh sayêktosipun kakang | igih kawula kinongkon | dhatêng ing kajêng bêndara | pêpanggih lan andika | Tisnawijaya gumuyu | ujar isun silih apa ||
7. Răngga Tisnawijaya ngling | tagung adhi lumakua | iki mèh surup srangenge | lan isun durung wèh warta | mring komasaris bêsar | iya adhi mêngko pukul | sanga sun atur uninga ||
8. mring tuwan Johan Mantèli | wis adhi nuli muliha | ing esuk balia manèh | wus amit Nayamênggala | lampahira wus prapta | katur ing sasolahipun | ing dalu tan winurcita ||
9. ing enjing lumangkya malih | Gobès sampun kinanthenan | Suradêksana namane | mantri Kamlayakusuman | ing loji sampun prapta | mas Răngga ikang cinatur | pan sampun atur uninga ||
10. mring logo Johan Mantèli |[2] alon dènira angucap | ya lumakua dèn age | tabenisun aturêna | marang radèn apatya | yèn Kumpêni wis alêbur | panggawe kang ala-ala ||
11. Răngga Tisnawijaya mit | sigra wau lampahira | panggih lan duta kalihe | dawêg adhi nuli mangkat | kula sampun kalilan | lan kathah wêwêlingipun | komasaris mring kawula ||
12. wong têtiga gya lumaris [luma...]
--- [f. 679r] ---
[...ris] | mêdal saking pabitingan | prapta ing pasanggrahane | Rahadèn Natakusuma | lajêng marang ngayunan | Răngga Tisnawijaya wus | tur sêmbah mangaras pada ||
13. Mas Răngga matur wotsari | bêndara kula dinuta | angaturakên tabene | igih sudara sampeyan | tuwan katiga pindhah | rahadèn apatih manthuk | iya Răngga sun tarima ||
14. wêlingipun komasaris | miwah Kumpêni sadaya | pan sampun alêbur awon | angantukkên kapênêdan | mantuka kadya kina | Radèn Natakusuma rum | mulane sira sun undang ||
15. dene sun wus dèn dhawuhi | mring gusti sri naradipa | ya padha lêbur alane | angulihkên kabêcikan | kadya kang kuna-kuna | Mas Răngga nêmbah umatur | igih sami ikang karsa ||
16. yèn makatên kawula mit | mênawi dèn arsa-arsa | lampah kawula kadangon | nêmbah lèsèr saking ngarsa | Răngga Tisnawijaya | lampahira praptèng sampun | ing loji sampun apagya ||
17. lan Kumêndur Natanail | myang komasaris kalihnya | katur sasolah-solahe | wau pangandikanira | Radèn Natakusuma | prasamya suka tyasipun | katiga dènnya miyarsa ||
18. komasaris angling malih | yèn mêngkono ta balia | matura ing tuwan radèn | lamun uwis kadhawuhan | timbalane sang nata | kinèn rêmbug lawan isun | lah payo undur-unduran ||
19. lan nata wus anglilani | anyirnakêna wong Cina | marang isun timbalane | pasthi radèn mêngkonoa | Mas Răngga sigra mêsat | sampun prapta lampahipun | masanggrahan Paterongan ||
--- [f. 679v] ---
20. tundhuk lan radèn apatih | Mas Răngga matur wotsêkar | angaturakên tabene | igih sudara sampeyan | tuwan katiga pindhah | lawan malih aturipun | ngaturi undur-unduran ||
21. sang nata sampun lilani[3] | dhatêng sudara sampeyan | anumpês wong Cina kabèh | sampeyan gih makatêna | Radèn Natakusuma | pangandikanira arum | lah iya Răngga matura ||
22. yèn undur-unduran biting | yèn samăngsa-mangsaneya | nuli sun paretahane[4] | dening anumpês wong Cina | sun durung kadhawuhan | timbalane sang aprabu | mas Răngga amit tur sêmbah ||
23. sapraptanira ing loji | panggih nayaka katiga | wus tinutur sasolahe | wau ikang pangandika | Radèn Natakusuma | aprakawis unduripun | pamondhokan sinanggupan ||
24. samăngsa dèn parentahi | amung anumpês wong Cina | radèn patih sêmadose | igih dèrèng kadhawuhan | timbalan saking nata | komasaris kalih muwus | lah iya iku agampang ||
25. ing benjang sun atur tulis | maring kanjêng sri narendra | warnanên wau rahadèn | patih sampun pêparentah | marang sagung pugawa | ngundurkên pakuwonipun | nyamèni kang pasanggrahan ||
26. rahadèn rêkyana patih | pirit[5] lan ing Paterongan | ya ta pun Kapitan Singsèh | lawan Kapitan Sapanjang | kalih miyarsa warta | yèn radèn patih puniku | sampun utus-ingutusan ||
27. lawan sira komasaris | pan arsa ayêktènana[6] | seba lawan sabalane | pun Singsèh lawan Sapanjang | prapta pakuwonira | radèn patih wus kapangguh | lawan pun Singsèh Sapanjang ||
28. Singsèh aturira aris |
--- [f. 680r] ---
miwah Kapitan Sapanjang | kawula punika radèn | ing pêjah gêsang kawula | wotên asta panduka | Radèn Natakusuma rum | pêgene sira angucap ||
29. iya kaya mêngkenèki | katon apa ngrungu apa | Sapanjang alon ature | gih botên watên katingal | nanging atur kawula | wong Cina sadayanipun | pêjahe wontên sampeyan ||
30. wong Cina datan udani | igih dhatêng sri narendra | amung sampeyan ujude | lêbura dèn kadi kisma | tan amalih pandulyan | anjalmaa kaping sèwu | topèkkonge mung sampeyan ||
31. rahadèn rêkyana patih | lakung wagugên ing driya | miyarsa wong Cina ture | alon dènira ngandika | têka dèn apibaya[7] | iya apa kang winuwus | lah uwis padha muliha ||
32. kalih sampun dèn paringi | yatra tigang atus sewang | angawan bêngkêt obate | sawusira têtabean | lèngsèr saking ngayunan | mantuk mring pakuwonipun | ya ta ikang kawuwusa ||
33. kumêndur lan komasaris | sêmana wus sami arsa | wong Jawa pabitingane | prasamya mundur sadaya | suka dènnya miyarsa | sigra pêparentah bantu | mring Têgal lan ing Jêpara ||
34. numpak kang bala Kumpêni | gumuruh anèng lautan | prapta Jêpara lampahe | lajêng mangsah ing ayuda | gitik bitinganira | wong Jawa ramya acampuh | ing Dêmak pan long-linongan ||
35. bala Kumpêni ngêbyuki | angêdrèl saha gurnada | dhadhal wong Jawa barise | bitinge sampun kancikan | mundur bala Wêlănda | lajêng lampahira bantu | agitik barising Tênggal ||
36. ing laut datan winarni | prapta
--- [f. 680v] ---
ing nêgari Têgal | lajêng amukul barise | Tumênggung Wiranêgara | lawan Rêksanêgara | paran dènira amagut | rame campuhing ayuda ||
37. Rahadèn Suralayèki | Barêbês lan Radèn Cakra- | nagara Pamalang age | sampun têtulung ing yuda | têtindhih saking Karta- | sura Arya Mandurèku | umangsah ngawaki yuda ||
38. kang surak gumuruh atri | syaraning tambur gumêrah | wadya Kumpêni angêdrèl | sinusunan ing gurnada | mawur ikang katrajang | sira Arya Mandurèku | katiban mimis gurnada ||
39. sêsikabira[8] kang kêni | Kumpêni samya angrasang | mèh bêdhah pabitingane | sigra Ki Arya Mandura | angambên kaninira | sêdya angrêbata pintu | nanging kanine wus sayah ||
40. sêsèndhèn pipining kori | sarwi amangku talêmpak | pan arsa ingundurake | maring anak putunira | datan purun Ki Arya | mêngko undurêna isun | yèn wis mundur Si Wêlănda ||
41. eca dènira adikir | kinarutug ing sanjata | wadya Têgal miyat kabèh | Tumênggung Wiranêgara | lawan Rêksanagara | asru dènira amuwus | payo ngamuk wong ing Têgal ||
42. kêkasih dalêm pan kanin | yèn sira nora ngamuka | măngsa wurunga pinatèn | mandah dukane sang nata | sigra bala ing Têgal | dipatyanira angamuk | nusup kukusing sundawa ||
43. Kumpêni ingêbyuk wani | tumpês ikang wolung dasa | prajurit Têgal tandange | lir andaka katriwandhan | Bugis Ambon Sêmbawa | Makasar kathah kang lampus | ingamuk mring wadya Têgal ||
44. Kumpêni mundur mring loji | ingêlud mring wadya Têgal | samya masang mariyême |
--- [f. 681r] ---
anyipat saking palatar | mundur bala ing Têgal | apan sarwi bêkta mantuk | marang Ki Arya Mandura ||
45. sapraptanira ing panti | Arya Mandura palastra | Kumpêni angrês manahe | bêbantu mantuk sadaya | praptèng nagri Sêmarang | katur ing sasolahipun | yèn rêmpu prang anèng Têgal ||
46. sigra komasaris manggil | ing Răngga Tisnawijaya | kinèn lumampaha age | pagih lan radèn apatya | pan sampun winawêkas | Răngga Tisnawijaya wus | lampahe mring pasanggrahan ||
47. wus panggih lan radèn patih | Mas Răngga matur wotsêkar | angaturakên tabene | pan igih tuwan katiga | radèn patih tarima | lan malih wêwêlingipun | igih sudara sampeyan ||
48. sampeyan lawan Kumpêni | dening wus undur-unduran | mila ing Têgal sêmangke | têka maksih watên aprang | lawan igih Jêpara | radèn patih ngandika sru | isun Răngga tan kaduga ||
49. prakara samêngko iki | yèn isun marentahana | marang wong Kumpêni kabèh | iya măngsa dèn idhêpa | dening kabèh wong Jawa | pan wus sun undhangi mundur | lan maning Răngga sun tanya ||
50. ing parkara[9] pêrang iki | ing Têtêgal lan Jêpara | iya sapa wiwitane | apa wong Kumpêni nglarag | apa wong Jawa ngrasang | Mas Răngga nêmbah umatur | kawula batên uninga ||
51. yèn wong Jawa ngrasang loji | amasthi isun kang ala | yèn Kumpêni kang pagawe | iku ta măngsa bodhoa | Kumpêni pariksanya | iya matura tabeku | yèn mêngkono ujar [u...]
--- [f. 681v] ---
[...jar] iwang ||
52. Mas Răngga nêmbah nulya mit | lèngsèr saking pasanggrahan | wus prapta loji lampahe | panggih nayaka katiga | katur sasolahira | nênggih pangandikanipun | Rahadèn Natakusuma ||
53. kumêndur lan komasaris | prasamya kèndêl miyarsa | angraos lamun salahe | wau ikang kawuwusa | sira Tumênggung Tênggal | utusan ngaturi wêruh | ing Radèn Natakusuma ||
54. lamun Arya Mandurèki | tiwas madyaning payudan | miyarsa lakung ngungune | amariksa marang duta | sapa ikang anglarag | apa Kumpêni kang mungkul[10] | apa wong Jawa angrasang ||
55. duta matur yèn Kumpêni | kang agitik pabitihngan[11] | mila kantos arêrêmpon | tiwase ramanduka |[12] nêngguh Arya Mandura | mila wadyèng Têgal ngamuk | anêrka măngsa gêsanga ||
56. dinukan ing sri bupati | rahadèn patih ngandika | warahên gustinira ge | nanging ta ayya anglanggar | yèn Kumpêni anglarag | ayya gigang aprang pupuh | lah uwis duta muliha ||
57. mêngkana radèn apatih | utusan atur uninga | Arya Mandura tiwase | duta praptèng Kartasura | katur ing sri narendra | solah rekane prang pupuh | sang nata ngungun miyarsa ||
58. kawarnaa komasaris | amanggil marang Mas Răngga | sampun winêling lampahe | seba marang pasanggrahan | ing marga tan winarna | prapwang[13] Paterongan tundhuk | lan Radèn Natakusuma ||
59. Mas Răngga matur wotsari | angaturkên tabenira | kumêndur komasarise | lan malihipun kawula | dinuta tur uninga | igih lamun sang aprabu | sampun dhawuhkên [dhawuh...]
--- [f. 682r] ---
[...kên] timbalan ||
60. dhatêng tuwan komasaris | kalilan agêmpur Cina | radèn patih ngandika lon | ya isun wis kadhawuhan | timbalane sang nata | anurut sarêmbugipun | prakara ngrusak wong Cina ||
61. iku Răngga karêp mami | sun wiwiti besuk Akhad | lamun nora besuk Sênèn | isun angrusak wong Cina | iya sira matura | yèn mêngkono karsanisun | Mas Răngga wus pinaringan ||
62. dhuwung rasukan bêbênting | lawan turăngga satunggal | Mas Răngga atur sêmbahe | igih turăngga punika | yèn suwawi lan karsa | kawula lih wastanipun | pun Badhami yèn sêmbada ||
63. gèn sampeyan amaringe |[14] igih lan sudara tuwan | sampeyan nuju badhamèn | gumujêng radèn apatya | iya sakarsanira | aran wong dêduwe iku | Mas Răngga amit tur sêmbah ||
64. sapraptanira ing loji | Mas Răngga alon turira | mring nayaka katigane | lamun ikang pangandika | Radèn Natakusuma | igih benjang ari Migu[15] | wong Cina arsa ginêcak ||
65. yèn botên ing Migu benjing | ing Sênèn pan linêkasan | komasaris sukèng tyase | mêngkana kang pinurcita | Radèn Natakusuma | wagugên ing tyas syang dalu | ngraos wlas maring wong Cina ||
66. Rahadèn Martapurèki | ing dalu pan katimbalan | tanpa rowang ing praptane | radèn patih angandika | hèh radèn kayaparan | liwat pêtênging tyas ingsun | dening karsaning narendra ||
67. lawan punggawa kang kari | norana amrih raharja | amurungakên lêlakon | Radèn Martapura nêmbah | punika yèn èstua | ing karsanipun sang prabu | abadhami
--- [f. 682v] ---
lan Wêlănda ||
68. kula tan sagêd nglampahi | luhung pêjaha ing wana | yèn gêsange saprandene | măngsa sandeya dèn lunas | dinamêl pambucalan | tinêtêpakên yèn êtuk | ing awon pasthi kawula ||
69. ikang sampeyan pasrahi | rumiyin apan kawula | tinuduh sirahing gawe | angumpulakên wong Cina | jangji saeka pêjah | wong Cina ikang nênutut | pan igih badan kawula ||
70. sampeyan sêntana aji | măngsa si kalampahana | dadya pambucalan awon | pasthi yèn badan kawula | utig-utig gêgêbal | kang pinanjêr ngalun-alun | gumujêng radèn apatya ||
71. nadyan silih awak mami | ya radèn măngsa bedaa | kaya ujarira mono | muguh panjênêngan nata | nora tolih santana | lah iya ing besuk dalu | sira radèn lumakua ||
72. atêtêmua pribadi | sira lawan Si Sapanjang | miwah Si Kapitan Singsèh | yèn sang nata wus abuwang | marang ing wadya Cina | amung iya raganisun | kang maksih duwe pangeman ||
73. nanging ajrih ing nrêpati | yèn nora anglakonana | besuk yèn wis praptèng êndon | wong Cina yèn uwus lunga | têka tanah Sêmarang | măngsa bodhoa sirèku | radèn agawe tarekah ||
74. nora akon nora pênging | isun radèn marang sira | amung donganisun bae | besuk sun kanthèni sira | Dyan Martapura nêmbah | umatur sah mêtu êluh | kawula mugi angsala ||
75. pangèstu panduka ugi | dêmi Alah Rasulullah | kawula nêdyaa awon | igih lawan pun Wêlănda | dening ratu kawula | wadya Kumpêni kinukup | kula tan purun anuta ||
76. suwitèng Allah pribadi [pri...]
--- [f. 683r] ---
[...badi] | yèn sang nata maksih karsa | angadêgakên pagunge | jagat kantuna sabendha | măngsa nêdyaa gigang | ing ayahane sang prabu | lêbura dèn kadi kisma ||
77. tan anêdya malih kapti | yèn sampeyan tulus cidra | punapa dening sang katong | măngsa kawula anuta | nadyan dhatênga pêjah | kulit daging lan bêbalung | sampun pinêtak ing lêmah ||
78. dèn gêgêcêka[16] ing benjing | winora lan mimis obat | binêdhilêna ing musoh | Kumpêni turun nêmbêlas | anak putu kawula | sampun wontên ikang wawuh | igih kalawan Wêlănda ||
79. Martapura awotsari | lèngsèr saking ngarsanira | pan iya pêndhak dalune | mring pondhokipun wong Cina | wus panggih lan Sapanjang | miwah Singsèh wus atundhuk | lawan Radèn Martapura ||
80. Martapura angling aris | bapak manira dinuta | angiras lakuku dhewe | kalamun sri naranata | wus buwang mring wong Cina | bala Kumpêni kinukup | nanging rahadèn apatya ||
81. maksih angeman ing batin | nanging wêdi kawêntara | dadya dèn srahkên maringong | yèn besuk sira ginusah | lumayua[17] mangetan | Singsèh Sapanjang mêtu luh | iya radèn sun tarima ||
82. nanging sira ayya lami | nuli nusula maringwang | aturêna tabeningong | mring Radèn Natakusuma | wus amit Martapura | radèn patih kang winuwus | nimbali sagung pugawa ||
83. Ki Tumênggung Rajaniti | Radèn Malayakusuma | Radèn Wiryadiningrate | lan Tumênggung Mangkuyuda | Tumênggung Wiraguna | tuwin Radèn Singaranu | lawan Radèn Mangkupraja ||
84. Mangunnêgara lan malih | Rahadèn Sujanapura | punggawa pasisir kabèh | sampun mugèng ngarsanira [ngar...]
--- [f. 683v] ---
[...sanira] | radèn rêkyana patya | pangandikanira arum | puniki pikir manira ||
85. timbalane sri bupati | nuli kinèn agêcêka | wong Cina yèn karsaningong | sun wiwiti benjang enjang | sadaya kalakona | timbalane sang aprabu | enjang dèn padha samêkta ||
86. kang samya dika barisi | kulon kidul lawan wetan | êlor dika tawongake | yèn Kumpêni atêtanya | ngakua ajrih padha | ngukurkên mariyêmipun | sokur si lamun wong Cina ||
87. iya padha duwe pikir | enak angadu kewala | wus padha bubara kabèh | enjang dèn padha samêkta | nêmbah sagung pugawa | bubar saking ngarsanipun | dalu datan winurcipta ||
88. enjing sagung pra dipati | samya nata barisira | budhal saking ing pakuwon | miranti sagung gêgaman | kulon kidul lan wetan | binarisan sampun kêmput | amung lor ginawe towang ||
89. wadya Kumpêni udani | lamun karêpe wong Jawa | samya masang ngatos-atos | wong Cina samya uninga | yèn wong Jawa arsa gêcak |[18] asuwarèng balanipun | Sragêni sarêng nênjata ||
90. wong Cina malês abêdhil | rame dènnya bêbêdhilan | pun Sapanjang sabalane | nêmpuh baris ikang wetan | piyak ikang katrajang | Sapanjang sawadyanipun | prasamya babal mangetan ||
91. dèn kêkadhol[19] mring wong Jawi | anglarug mring bumi Dêmak | sira pun Kapitan Singsèh | angidul dènira babal | lawan sabalanira | pun Êtik lawan Pibulung | lawan Singsèh tan apisah ||
92. wong Cina kang samya agring | kantun anèng pamondhokan | sadaya samya pinatèn | murdane wus tinigasan | winadhahan kêranjang |
--- [f. 684r] ---
katur ing dyan patih sampun | murda kinèn lajêngêna ||
93. ngêsrahkên ing komasaris | sigra lampahe kang duta | prapta nèng loji ngarsane | pinêthuk upas Wêlănda | duta lajêng nèng ngarsa | lawan komasaris tundhuk | lakung sukane tumingal ||
94. matura tarima kasih | mring Radèn Natakusuma | duta pan wus sami lèngsèr | Kumpêni suka sadaya | Singsèh ikang winarna | kèdêl[20] anèng ing Pringapus | nênggih tanah ing Bahrawa ||
95. tan pisah sawadyanèki | kang tinuding angusira | Radèn Sujanapurane | lan radèn patih utusan | pêparing marang Cina | nagih yatra gangsal atus | lan sinapan kalih dasa ||
96. myang Sapanjang dèn kintuni | gasal atus ikang yatra | lawan sinapan salawe | Sapanjang dènnya lumalya | kèndêl ing bumi Dêmak | ing Wotan wastaning dhusun | wus umadêg barisira ||
97. Kapitan Singsèh winarni | miyarsa yèn tinututan | Radèn Sujanapurane | gepak angetan lampahnya | anjog ing bumi Dêmak | lan Sapanjang wus akumpul | samya baris anèng Wotan ||
98. rahadèn rêkyana patih | nênggih wau kang winarna | nimbali Martapurane | wus prapta ing ngarsanira | radèn patih ngandika | dangdana sira sun utus | marang nagri guladrawa ||
163. Dhandhanggula
[Wadya Cina ing Semarang mlajar mangétan dhumateng Demak. Radèn Gerendi dipunjumenengaken nata, ajejuluk sunan Amangkurat prabu Kuning.[21]]
1. aturêna radèn layang iki | iya marang kanjêng sri narendra | yèn sira ngandikan dhewe | matura ing sang prabu | yèn wong Cina mangkya wus bêrsih | saking tanah Sêmarang | mangetan lumayu | samya jog ing bumi Dêmak | atur sêmbah Rahadèn Martapura [Marta...]
--- [f. 684v] ---
[...pura] glis | lèngsèr saking ngayunan ||
2. lajêng lampahira sawadyèki | tan winarna ing marga wus prapta | ing Kartasura enjinge | tumanduk ing tumênggung | iya Tirtawiguna panggih | lajêng binêkta seba | marang jro kadhatun | ing Srimanganti wus prapta | angaturi uninga wus dèn timbali | lawan Tirtawiguna ||
3. sapraptanira ngabyantara ji | Martapura nêmbah atur surat | tinampan tinupiksa ge | kadriya punang têmbung | aturira radèn apatih | sang nata angandika | hèh Martapurèku | pira Cina kang kacandhak | nêmbah matur igih gusti winatawis | kang pêjah wolung dasa ||
4. sri narendra angandika aris | Martapura mêtua rèrèna | ing benjing sebaa manèh | nêmbah Martapura wus | mêdal saking ing dalêm puri | sapraptanirèng jaba | agraitèng kalbu | patute isun sebaa | besuk esuk cinêkêl ing sri bupati | pinaringkên Wêlănda ||
5. angur silih migata tumuli | asuwarèng maring wadyanira | hèh wong Garobogan age | siyagaa pan isun | budhal mêngko ing têngah wêngi | ing ari tan winarna | praptèng têngah dalu | mangkat Radèn Martapura | saking praja ing marga datan winarni | wus prapta Garobogan ||
6. angêngêrig wadya pacak baris | pan sumuyud wadya Garobogan | miwah ing kanan keringe | gya Tirtawiguna wus | tur uninga ing sri bupati | yèn Martapura migat | angungun sang prabu | Tumênggung Tirtawiguna | sigra kinèn karya sêrat animbali | marang radèn apatya ||
7. sêrat dadya Gandhèk wus tinuding | tan winarna ing marga wus prapta | nagri Sêmarang wong Gandhèk | tinampan [ti...]
--- [f. 685r] ---
[...nampan] sêratipun | dhawuhing srat apan nimbali | radèn rêkyana patya | sandika turipun | Gandhèk pan sampun tinulak | sira radèn rêkyana patih ngundhangi | ing wadya asandhiya ||
8. lawan ikang putra dèn timbali | Radèn Adipati Jayaningrat | pan pinundhut pamomonge | Ki Mangunonêng iku | saking ikang rama rumiyin | duk Radèn Jayaningrat | ginanjar sang prabu | umadêg ing Pamangsalan | Mangunonêng miringakên putranèki | kang kinèn amomonga ||
9. Mangunonêng wus pinundhut malih | mring kang rama dalu tinimbalan | sapraptanira ngarsane | radèn apatih muwus | marang Mangunonêng bêbisik | hèh Mangunonêng sira | sun pundhut patimu | wong ing Pathi ayumana | lan maninge sun angrungu warti dhingin | yèn Si Êtik wong Cina ||
10. angrawati marang Si Gêrêndi | yèn katêmu sira upayaa | yèn karuhan pagonane | bêbakalana ratu | akanthia Cina sirèki | pasisir irupana | yèn wis dadi besuk | nuli matura maringwang | yèn pinarêng sun tutugêne ing benjing | Mangunonêng tur sêmbah ||
11. igih sandika datan gumisir | nadyan lêbura kadi pratala | anglampahi ayahane | gya pinaringan sampun | yatra gangsal atus lang[22] kêrbin | bainèt kawan dasa | lawan waosipun | kawan dasa wus tinampan | rampung ikang pitungkas mangkat ing latri | saking ing Paterongan ||
12. radèn patih animbali malih | abdinira ran Partawijaya | sapraptanirèng ngarsane | ya ta ngandika arum | isun duta sira ing benjing |
--- [f. 685v] ---
wong Lasêm ayumana | ing sapukur isun | mulih marang Kartasura | yèn Si Mangunonêng angadêg kang baris | sira têka nêpunga ||
13. atur sêmbah Martawijaya glis | pinaringan arta lan busana | lèngsèr ing dalu lampahe | nimbali malih wau | sira radèn rêkyana patih | kêkalih kang pugawa | Mêrtanagarèku | ing Dêmak lan Suranata | sapraptane ing ngarsa dèn bêbisiki | besuk sapungkur iwang ||
14. sira muliha mring Dêmak aglis | besuk yèn ana adêg-adêgan | nuli têpungana bae | tur sêmbah kalihipun | pan sandika aturing rèki | ing dalu tan winarna | ya ta enjingipun | Rahadèn Natakusuma | animbali Răngga Tisnawijayèki | saking loji wus prapta ||
15. angandika sira radèn patih | sira Răngga marmane sun undang | awèha wêruh dèn age | iya marang kumêndur | apadene mring komasaris | yèn isun tinimbalan | maring sang aprabu | mulih marang Kartasura | bokmênawa ana karsaning Kumpêni | sira Răngga tur sêmbah ||
16. lèngsèr saking ngarsanira aglis | lampahira ing loji wus prapta | katur sasolah-solahe | nênggih marang kumêndur | tuwin dhatêng ing komasaris | nulya manggil saksana | ing Lopèrès Undur | dinuta mring Paterongan | apanggiha lan radèn rêkyana patih | sasampune pitungkas ||
17. tan adangu lampahira prapti | pasanggrahan tumamèng byantara | cundhuk sigra atur tabe | sira Undur pan matur | maring radèn rêkyana patih | kula radèn dinuta | nênggih tabenipun | sudara tuwan katiga | tabenipun katura ing sri bupati [bupa...]
--- [f. 686r] ---
[...ti] | lan malih kang pitungkas ||
18. tuwan matura ing sri bupati | Kumpni kang wontên ing Kartasura | komasaris panuwune | pan igih sang aprabu | ngantukna mring Kumpêni malih | manthuk radèn apatya | iya ingong matur | Andarup malih turira | lan kawula matur ing radèn pribadi | katura ing sang nata ||
19. yèn akarsaa jinaga malih | mring Kumpêni kula pinundhuta | radèn apatih wuwuse | luwih bêgjane rèku | isun matur ing sri bupati | Undur matur tarima | kasih nulya asung | sanjata alus sapasang | angandika rahadèn rêkyana patih | iki kang awèh sapa ||
20. iya apa saking komasaris | ikang kirim sinapan maringwang | iya apa sira dhewe | matur Lopèrès Undur | igih saking kula pribadi | mèsêm radèn apatya | trima kasih isun | sawuse têlas bicara | anulya mit Undur lampahira prapti | ing loji wus apanggya ||
21. lan kumêndur miwah komasaris | ngaturakên tabene Rahadyan | Natakusuma solahe | dinuta sampun katur | radèn patih ikang winarni | pêparentah sandhiya | marang pugawa gung | yèn arsa budhal ing benjang | tan winarna ing dalu wuwusên enjing | kumrab kang balakusya ||
22. budhal saking nagari Sêmawis | sira Dipati Natakusuma | gumuruh wadyabalane | pra dipati tan kantun | mung pugawa pasisir sami | kalilan umantuka | ya ta lampahipun | Rahadèn Natakusuma | tan winarna ing marga pan sampun prapti | nêgari Kartasura ||
23. lajêng caos marang sri bupati | tur uninga sigra tinimbalan |
--- [f. 686v] ---
lawan Tirtawigunane | prapta ngarsa sang prabu | atur sêmbah radèn apatih | mangaras pada nata | ngandika sang prabu | hèh paman sira bageya | nêmbah nuhun rahadèn rêkyana patih | ngaturkên tabenira ||
24. pun kumêndur lawan komasaris | kaatura ing panduka nata | kalawan gusti malihe | anyanthèlakên atur | sakathahe bala Kumpêni | kang wontên Kartasura | punika dèn suwun | yèn lêga tyas pandukendra | angantukna dhatêng ing Kumpêni malih | manthuk sri naradipa ||
25. lawan malih wontên wong Kumpêni | kang ingutus manggihi kawula | punika sangêt ature | yèn karsaa sang prabu | jinagaa Kumpêni malih | malampah pinundhuta | wastane pun Undur | bagus tur maksih nonoman | anyukani sanjata alus sarakit | igih dhatêng kawula ||
26. ngandika lon wau sri bupati | apa iku karêpe kang duta | ya apa karêpe dhewe | radèn patih wotsantun | igih măngsa barong nrêngpati | sang nata angandika | hèh Tir kayapèku | Tirtawiguna tur sêmbah | luwangipun gusti mênggahing Kumpêni | tan purun salah karya ||
27. saking sangêtipun angalingi | dhatêng ikang akèkèn[23] punika | sang nata lon timbalane | layak mêngkono iku | hèh ta sira paman apatih | yya pêgat agêgabah | ing wadyaning rèku | bok dawa kang pagawean | atur sêmbah rahadèn rêkyana patih | prakawis ring panduka ||
28. Pangran Răngga Pangran Makubumi | tuwin Pangeran Dipanagara | pun Arya
--- [f. 687r] ---
Prigalayane | punapa ta pukulun | igih batên dipun timbali | sang nata angandika | iya Tir dèn gupuh | sira agawea layang | animbali marang ing si adhi-adhi | lawan Si Prigalaya ||
29. nêmbah mêdal kang pugawa kalih | sira Rahadèn Natakusuma | sapraptanirèng dalême | kang para garwa mêthuk | samya ngusya suku manangis | ketang sruning pawarta | duk andon prang pupuh | tan winarna solahira | dènnya onêng-onêngan ing para rabi | gêntya kang kawuwusa ||
30. Martapura kang apacak baris | budhal saking nagri Garobogan | mring bumi Dêmak jujuge | sêmana wus akumpul | lan wong Cina sampun apanggih | lawan Singsèh Sapanjang | suka ing tyasipun | sira pun Singsèh Sapanjang | nulya sira pun Êtik atur upaksi | yèn angrawati bocah ||
31. duk Pangeran Wiramênggalèki | tinêlasan punika binêkta | mring pun Tik dèn sikrihake[24] | kêkalih tunggilipun | Radèn Êmas Gêrndi satugil | lawan Radèn Surada | nênggih kang sêsunu | pangeran ing Têpasana | Mas Surada Radèn Jayakusumèki | ikang darbe atmaja ||
32. Singsèh Sapanjang lingira aris | yèn mêngkono bok ginawe raja | kaya priye iku Radèn | Martapura amuwus | iya bêkcik[25] bapak upami | sang nata tulus buwang | mring wong Cina iku | apadene Si Wêlănda | nêdya amatèni marang awak mami | yakti sajang ingajang ||
33. saolih-olihe bela wak mami |[26] aran dhèwèk wong kinaniaya | Sapanjang malih atakon | Radèn Gêrêndi iku | iya apa sanake nênggih |
--- [f. 687v] ---
mring Raja Kartasura | Mêrtapura muwus | mulane puniku wênang | dadya ratu dening sêntana nrêpati | prabu ing Kartasura ||
34. Singsèh Sapanjang angucap malih | yèn sanake rajèng Kartasura | bokne iku garoh manèh | tiru sanake iku | Martapura gumuyu angling | iya kang ora-ora | isun kang anagung | yèn kongsia madêg nata | Mas Gêrêndi manira kang ananggoni | kongsia duwe ala ||
35. Kapitan Panjang angucap bêkis | pasthi tiru kang aduwe darah | iya radèn kowe bae | sun adêgakên ratu | aran sira padha wong Jawi | sumaur Martapura | pan sarwi gumuyu | puniku dede pabênan | boya kêna manira dadi nrêpati | pan sarwi kipa-kipa ||
36. isun dudu têrahing nrêpati | darah manira abdining nata | utik-utik saturune | Radèn Gêrêndi iku | iya patut madêg narpati | mêngku rat tanah Jawa | pan lêluhuripun | iya bapak dèn pitaya | mupun[27] nistha ingadêgakên narpati | pasthi wruh kabêcikan ||
37. iya bapak adate wong Jawi | nora kêna iya singa wonga | lamun ta dudu bobote | kang duwe praja iku | yèn sok wonga madêg narpati | măngsa uripa waras | mati dèn karubut | ing pênthung marang wong desa | saparane măngsa nêmua basuki | sapa kang gêlêm nêmbah ||
38. Kapitan Panjang mèsêm dènnya ngling | iya ta măngsa bodhoa sira | ing ala lawan bêcike | dyan ingaturan sampun | wau sira Radèn Gêrêndi | Sapanjang undhang-undhang | marang kang wadya gung | sadaya kinèn sanega | miwah Radèn Martapura angundhangi | karya taratag rambag[28] [ra...]
--- [f. 688r] ---
[...mbag] ||
39. sampun kumpul sakathahing baris | mukul bêndhe bèri pan gumêrah | awor kêkênthung syarane | Radèn Martapura wus | nabuh Kadhokngorèk rêrangin | Radèn Gêrêndi siyaga |[29] linênggahkên sampun | ing tarub mugèng dhêdhampar | ingundhangkên bisikanira nrêpati | wus samya ingastrenan ||
40. Sunan Amangkurat Prabu Kuning | iya Senapati Ingalaga | Sayidin Ngabdurrahmane | Panata Agamèku | wus misuwur ing kanan kering | bumi Dêmak ing Wotan | ana madêg ratu | apanta trahing kusuma | apan suyud bumi Dêmak kanan kering | gêntya kang pinurcita ||
41. Mangunonêng sapraptaning Pathi | lajêng pacak baris padhusunan | wong desa sumuyud kabèh | ing Pathi kang paluguh | duk sêmana Dyan Mêgatsari | ingantêp paran karsa- | nira apa mêthuk | ing yuda punapa boya | yèn magut prang ing benjing kawula gitik | igih dipun apanggah ||
42. yèn si lalos kawula aturi | sikêp tundhan batên munasika | ing lampah sampeyan radèn | sapamirsaning rèku | Radèn Arya ing Mêgatsari | dhasar wongira têlas | sumuyud ing musuh | lakung angênês ing driya | nulya kesah Radèn Arya Mêgatsari | saking nagra Santênan ||
43. Mangunonêng anuding ing mantri | angatêra marang Radèn Arya | yya kari sakagungane | miyos ing Cêngkalsèwu | pan ing Pathi wus dèn êbroki | mring Mangunonêng sigra | ing sawadyanipun | wus adadi barisira | wau Martawijaya ing Langsêm prapti | wus amor barisira ||
44. Ki Mangunonêng miyarsa warti | lamun sira Radèn Martapura | wus angadêgakên rajèng | ikang jinujung ratu | apan iya Radèn Gêrêndi |
--- [f. 688v] ---
ngrasa kantun ing karya | kadhinginan laku | gunêm lan sêntananira | Kartawirya Ki Mangunonêng sêdyèki | karya dora sêmbada ||
45. utusan marang Martapurèki | saha sêrat mêngsat dutanira | asigra-sigra lampahe | ing marga tan winuwus | ing nagari Dêmak wus prapti | pasanggrahan ing Wotan | wau kang jinujug | wus panggih lan Martapura | surat katur tinampèn tinupiksa glis | bêbukani kang salam ||
46. sasampune salam kula adhi | ing salampah kawula punika | radèn patih timbalane | kinèn angupayèku | Mas Gêrêndi lamun kapanggih | igih bêbakalana | ngadêgakên ratu | lan kawula binêktanan | upacara dangdanan wong madêg aji | lawan ta kinèn bêkta ||
47. igih dhatêng nêgari ing Pathi | umadêga wonten ing Santênan | dening ta adhi ing mangke | ing lampah kula kantun | măngsa barong karsane adhi | lamun kenging punika | ing salêrêsipun | têdhaka dhatêng Santênan | yèn lêga tyas kawula mêthuk mondhongi | dhatêng nagari Dêmak ||
48. kapitèng tyasing Margapurèki[30] | surat winaos ing ngarsanira | Sapanjang kalawan Singsèh | sukèng tyas miyarsèku | ngrasa lamun praptèng ing batin | pangukupe Rahadyan | Natakusumèku | Kapitan Sapanjang ngucap | yèn mêngkono mayo radèn marang Pathi | aran ikang timbalan ||
49. iya rahadèn rêkyana patih | lawan Si Mangunonêng kang gawa | dangdanan upacarane | wong ngadêgakên ratu | pan nêgari Pathi abêcik | pagonan tata-tata | parabot prang pupuh | Singsèh samya suka ing tyas | sira Radèn Martapura anuruti | ngandika marang duta ||
50. duta Pathi muliha dèn aglis | iya matura maring si kakang |[31] amapaga dipun age |
--- [f. 689r] ---
iya samangsanipun | sri narendra isun aturi | têdhak marang Santênan | duta amit mundur | sigra-sigra lampahira | tan winarna ing marga wus prapta Pathi | duta matur anêmbah ||
51. igih pikasipun[32] sang ari |[33] Martapura panduka mêthuka | dhatêng ing Dêmak dèn age | igih samangsanipun | Prabu Kuning dipun aturi | myang sagung wadya Cina | suka ing tyasipun | Ki Mangunonêng siyaga | wus samêkta gya busana saking Pathi | umyung kang balakusya ||
52. tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta ing nagari Dêmak | ing Wotan pasanggrahane | Radèn Martapurèku | manahira sandiyèng batin | baris pêndhêm prayitna | sêmana wus tundhuk | pan sampun ajawat asta | Mangunonêng lan Radèn Martapurèki | tata samya alênggah ||
53. Singsèh Sapanjang samya manggihi | nèng pondhoke Radèn Martapura | Ki Mangunonêng têmbunge | adhi nênggih rumuhun | kang timbalan radèn apatih | mila kula dinuta | ambakali ratu | ing kanjêng gusti punika | igih saking ngraos cuwane kang galih | gènnya karya lampahan ||
54. sapunika timbalane nguni | yèn Si Gêrêndi wus madêg nata | awèha wêruh dèn age | sun tutugêne besuk | iya isun arsa ngayoni | maring wong Kartasura | ka[34] culikèng kalbu |[35] miyarsa Singsèh Sapanjang | samya suka myang Radèn Martapurèki | alon ing wuwusira ||
55. yèn mêkatên pun kaki ing mangkin | kula pasrah wong Jawa punika | măngsa boronga pangrèhe | dika silih jêjuluk | pan pun kakang minăngka wakil | dhatêng rahadèn patya | pênêd-pênêdipun | andika nama dipatya [di...]
--- [f. 689v] ---
[...patya] | yèn sêmbada pun kakang Dipati Pathi | punika kang prayoga ||
56. dening kawula silih wêwangi | Radèn Tumênggung Sajanapura[36] | suwawi umarêk age | ing gusti kang sinuwun | sigra sowan pugawa kalih | miwah Singsèh Sapanjang | prapta ngarsanipun | wau sang nata taruna | mangras pada Ki Mangunonêng manangis | akathah aturira ||
57. ngaturakên upacantên adi | salir ikang busana karatyan | sang nata lakung sukane | dènnya miyarsa wau | lamun radèn rêkyana patih | kang ngutus bakalana | adêgarèng[37] ratu | angrasa yèn wus kaasta | tanah Jawa sêmana wus dèn idèni | Mangunonêng kang nama ||
58. ajêjuluk Adipati Pathi | miwah sira Radèn Martapura | sampun ingidèn namane | nênggih radèn tumênggung | pan Sujanapura namèki | wau ta kang winarna | sira Ki Tumênggung | Padmanêgara ing Dêmak | lawan Radèn Suranata wus miyarsi | sandhiya saha bala ||
59. seba marang ing sang ngadêg aji | lampahira wus prapta ing Wotan | tundhuk pugawa kalihe | lawan radèn tumênggung | saha Janapura lan malih | Adipati Santênan | katur solahipun | duk kalane pinitungkas | nênggih marang rahadèn rêkyana patih | samya suka miyarsa ||
60. wusnya rêmbag sigra angundhangi | budhal marang nêgara Santênan | gumuruh wadyabalane | tan kawarna ing ênu | pan wus prapta nêgara Pathi | sang nata wus ngadhatyan | gènira dinunung | pan adalêm Kadêmangan | kang pugawa atata pakuwonnèki | ambèr kang balakusya ||
61. duk sêmana Adipati Pathi | parêmbagan lan sagung dipatya | yèn arsa winangun malèh | ing adêgirèng ratu | kastrènana tataning Jawi |
--- [f. 690r] ---
sira Singsèh Sapanjang | jumurung ing kayun | apa tataning wong Jawa | Sang Dipati Pathi ngumpulakên aglis | mukmin para ngulama ||
62. sarta amêntis[38] kêbo lan sapi | duk sêmana nuju dina Soma | ngundhangi wadyabalane | baris ing alun-alun | kang gêgaman lir prawatagni | miyos Sang Prabu Jaka | mugèng tarub agung | pinarak anèng dhêdhampar | alêlèmèk kang babut sinuji-suji | asri kang upacara ||
63. pawongan cèthi ngayap ing wuri | aglar ing ngarsa mantri pugawa | para ulama keringe | myang Cina kananipun | sigra ngadêg Dipati Pathi | pan sarwi undhang-undhang | ing wadyabala gung | kabèh padha ngastrènana | lamun isun angadêgakên narpati | Prabu Kuning Makurat ||
64. para ulama asaur paksi | nulya samya andonga karatyan | sawusnya gong bèri rame | salomprèt lan kêkênthung | tuwin Kadhokngorèk munya sri | rame kang barondongan | surak tri gumuruh | ambêngan gili amêdal | wus tinata kang wangdya[39] samya abukti | sang nata wus luwaran ||
65. wus sumuyud nagri kanan kering | Kudus Rêmbang Langsêm lan Juwana | ing Dêmak Tanjung wusdene | Grobogan Cêngkalsèwu | kaparentah Dipathti[40] Pathi | ingêlar kang jajahan | pra mantri tinuduh | sawusira lama-lama | kapiyarsa saking nagari Sêmawis | yèn nagri ing Santênan ||
66. nêngguh watên wong madêg narpati | abêbahak kanan keringira | wus samya sumuyud kabèh | wong Cina kathah kumpul | barisira sampun adadi | myang kang rinaja-raja | lamun ari Sêptu | wus miyos ing pawatangan | kang wong desa akathah [aka...]
--- [f. 690v] ---
[...thah] jinujung ligih | mêngkana abicara ||
67. sira kumêndur lan komasaris | wusnya bicara nulya putusan | angaturakên surate | marang ing sang aprabu | duta mêsat datan kawarni | ing ênu sampun prapta | ing Kartasuresuk | surat katur ing sang nata | tinupiksa kalamun atur upêksi | yèn nagri ing Santênan ||
68. igih watên wong madêg narpati | Mangunonêng lawan Martapura | kang samya akarya rajèng | Cina sadaya kumpul | sampun agêng barisirèki | ing kanan keringira | sumuyud anungkul | yèn suwawi lawan karsa | ginitika igih sampun kongsi dadi | nagari dalêm risak ||
69. lakung dènnya katèng tyas sang aji | ya ta wau ikang kawarnaa | sirarya Prigalayane | kang saking Jipang rawuh | lawan para santana katri | lajêng tumamèng pura | katur ing sang prabu | lajêng samya katimbalan | kerid dening rahadèn rêkyana patih | lawan Tirtawiguna ||
70. praptèng ngarsanira sri bupati | kang para ri samya ngaras pada | sang nata ngaras êmbune | tuwin Prigalayèku | majêng ngaras padèng nrêpati | katur sasolahira | anèng Majaranu | Cina kathah pinêjahan | angandika wau kanjêng sri bupati | paman Natakusuma ||
71. si kumêndur iki tur upêksi | yèn ing Pathi Dêmak Garobogan | ing makya madêg barise | ing Langsêm lawan Kudus | Cêngkalsèwu samya umiring | malah agêgaweyan | ngadêgakên ratu | rahadèn patih tur sêmbah | igih abdi dalêm ing jawi waradin | nanging badan kawula ||
72. dèrèng purun ngaturi upêksi | igih dening sudara sampeyan | dèrèng tur upêksi mangke | ngandika [ngandi...]
--- [f. 691r] ---
[...ka] sang aprabu | iya paman pikirên aglis | dening ta kang wong Cina | karuhan gyanipun | lan wus ngadêgakên raja | Si Gêrêndi bêcik ginêcak tumuli | ayya kongsi angrabda ||
73. atur sêmbah rahadèn apatih | sadaya pan wus tinundhung mêdal | myang kang rayi katigane | gêntya kang winarnèku | wau sira Dipati Pathi | myang Radèn Martapura | myang Cina gung-agung | kang samya anglar jajahan | Ki Ngabèi Pibulung ikang nindhihi | dhomas prajurit Cina ||
74. lan Tumênggung Padmanêgarèki | lawan sira Radèn Suranata | mantri Pathi têtindhihe | aran Ki Răngga Janur | nagri Dêmak dènira baris | padesan ing Gamulak | Sêmarang ginêpuk | gègèr padesan Sêmarang | kang bang wetan wong Cina kang bahan[41] sami | kang băngga tinumpêsan ||
75. dadya katur marang komasaris | yèn wong Cina ing make angrabda | sigra tur uninga make | mring kanjêng sang aprabu | dutanira datan kawarni | wau kang pinurcita | sang umadêg ratu | kang anèng nagri Santênan | apan lagya agêganjar marang dasih | kathah jinujung lênggah ||
76. wontên pranakan Cina satunggil | pun Sêlabog wus jinujung lênggah | lawan ingalih namane | Arya Prigalayèku | wong ing Pajakungan patigi | aran Ki Dipatruna | wus jinujung luguh | Ki Tumênggung Wirarêja | Pasisingan ing Cêngkalsèwu ingalih | nama Arya Mandura ||
77. apadene kang jinujung mantri | duk sêmana Dipati Santênan | rêmbag lan pugawa kabèh | tuwin Martapurèku | ratunira dipun aturi | ngujung astana Dêmak | ngalap sawabipun | sarta ngirabakên [ngirabakê...]
--- [f. 691v] ---
[...n] bala | pan wus lami gènnya ngadhaton ing Pathi | wus dadya kang pirêmbag ||
78. sigra undhang Sang Dipati Pathi | asiyaga marang wadyanira | miwah kang pugawa kabèh | samêkta busana wus | sigra budhal sri narapati | saking nagri Santênan | kang wadya gumuruh | miwah kang prajurit Cina | pan kinêrig gêgaman dinulu asri | kadya wukir dahana ||
79. tan winarna ing marga wus prapti | nagri Dêmak Sang Aprabu Jaka | amakuwon sabalane | datan kawarnèng dalu | enjingipun sri narapati | têdhak marang astana | praptèng dagan ngujung | ing makame Sultan Dêmak | sawusira pinarak anèng surambi | ngayap sagung pugawa ||
80. apan lajêng sirèng sang dipati | gunêman nèng ngarsane sang nata | lan Radèn Martapurane | prakara kang rinêmbug | kang prayoga pakuwon aji | saha ngêlar jajahan | datan arsa wangsul | marang nêgarèng Santênan | pan ing Dêmak Sompok lan nagri Sêmawis | Dyan Martapura ngucap ||
81. mênggah pikir manira pribadi | kang pakantuk tan lyan tanah Dêmak | dèn kapering ngetan bae | pan namung desa Gubug | kang prayoga dèn pasanggrahi | kacahak kering kanan | Garobogan antuk | tuwin Dêmak tan atêbah | ya ta sagung pugawa anyuwawèni | dadya punang pahêman ||
82. wadya Dêmak agya dèn prentahi | asaosa pasanggrahan nata | dèn samêkta têratage | mêsat kang dinuta wus | mantri Dêmak ikang kinardi | datan kawarnèng solah- | ira sampun iku | antara ing dina |[42] sang dipati ratune wus dèn pondhongi | budhal umyang kang
--- [f. 692r] ---
wadya ||
83. tan winarna ing marga wus prapti | pan ing Gubug pasanggrahira[43] |[44] myang sagung pugawa kabèh | pakuwonira kêpung | pan akapang ing kanan kering | wadya tanpa wilangan | kunêng kang winuwus | komasaris dutanira | sampun prapta nêgara Kartasurenjing | katur ing sri narendra ||
84. sêrat tinampan tinupiksa aglis |[45] sri narendra kapitèng wardaya | saksana nimbali age | mring Tirtawigunèku | lawan radèn rêkyana patih | wus praptèng ngarsanira | ngandika sang prabu | hèh paman iki wong Cina | wus angrabda miwah wadya ing pasisir | nuli pikirên egal ||
85. yèn bêcike paman karsa mami | sira dhewe iya lumakua | ngadu wong pasisir kilèn | lan Si Prigalayèku | karsanisun majua malih | paman mêtua wetan | dening ta sirèku | paman mêtua Sêmarang | iya sapa pugawa kang sira bagi | milu Si Prigalaya ||
86. anadening kang malyèng[46] sirèki | nêmbah umatur rêkyana patya | sang nata lon timbalane | dening pugawa iku | jaba paman aja na kari | dening kang tunggu mringwang | iya paman amung | wêdana i jro kewala | myang sêntana kalawan Si Rajaniti | tuwin nuli mêtua ||
87. tur sêmbah mêdal rahadèn patih | sapraptane dalêm Kapatihan | nimbali pugawa kabèh | prapta sadaya sampun | Radèn Arya Prigalayèki | pan sampun dhinawuhan | timbalan sang prabu | sawusnya dadya kang rêmbag | radèn patih amundhut pugawa kalih | kang mêdal ing Sêmarang ||
88. lan kaliwonipun Rajaniti | lawan sira Ki
--- [f. 692v] ---
Dêmang Urawan | Radèn Wiryadiningrate | dening ta kang tinuduh | milya Arya Prigalayèki | Radèn Mlayakusuma | Radèn Singaranu | Tumênggung Mangunnêgara | lawan malih Tumênggung Wiragunèki | Tumênggung Makuyuda ||
89. Radèn Tumênggung Makuprajèki[47] | sira Radèn Arya Prigalaya | kang dadya senapatine | mêngkana ta winuwus | wus samêkta sagung dipati | budhal saking nêgara | kang wadyakusya gung | Radèn Arya Prigalaya | angriyini lan sagung kang pra dipati | ngalor mêdal ing Kampak ||
90. anèng Kampak kèndêl tigang latri | watên duta nêdhakakên yatra | kalih èwu kinèn ngage | ganjaraning wadya gung | kang apênêd damêling rèki | miwah radèn apatya | pinatêdhan sampun | kawan èwu kinaryaa | ganjarane wadya kang pênêd ing kardi | mêngkana radèn patya ||
91. budhal enjing saking ing nêgari | rahadèn arya ya Sujanapura |[48] wus pinaringakên malèh | kalawan abdinipun | ikang putra pangran dipati | kang samya pinilihan | panaringkên[49] sampun | ing Radèn Sujanapura | ingabêna ing radèn rêkyana patih | Kumpêni Kartasura ||
92. binêkta sarêng ing radèn patih | lampahira tan kawarnèng marga | prapta pasanggrahan Lampèr | datan kawarnèng dalu | enjang têdhak rahadèn patih | ing loji sampun prapta | komasaris mêthuk | ing pintu saluwarira | wusnya tabe rahadèn patih kinanthi | mring jro wus tata lênggah ||
93. pinaringkên surate nrêpati | marang komasaris wus tinampan | tinupiksa bêbukane | kalamun lampahipun | sira radèn rêkyana [rê...]
--- [f. 693r] ---
[...kyana] patih | kinèn agêcak Cina | lawan malihipun | Kumpêni ing Kartasura | pinaringkên sadaya ing komasaris | lan amundhut sang nata ||
94. jinagaa mring Kumpêni malih | lawan watên kinarsakên ika | kang dadia kapalane | nêng Alpèrès Undur |[50] kang manggihi rahadèn patih | duk anèng Paterongan | punika pinundhut | komasaris lakung suka | sigra urmat mariyêm mawanti-wanti | komasaris turira ||
95. igih lakung tarima ing kasih | panduka kinèn gêcak wong Cina | lawan sang nata malihe | amaringakên wangsul | ing sagunge bala Kumpêni | kang watên Kartasura | kalawan amundhut | sang nata dipun jagaa | igih dhatêng ing bala Kumpêni malih | kawula pan sumăngga ||
96. pun Undurop pinundhut nindhihi | igih radèn sampun walang driya | sumăngga ngasta kalihe | dyan patih amit mundur | tan winarna sang komasaris | sêmana abicara | nênggih lan Kumêndur | Undurop pinanggil prapta | wus binilang yèn pinundhut ing nrêpati | ajagèng Kartasura ||
97. lakung tusthèng manah tyasirèki | nulya ingigahakên kapitan | lawan amikir kanthine | kalih wêlas tinuduh | sarehane sareyan uwis | kopralira Parêmas | juru tulisipun | Tulmondanira manira | sradadune wêwalu dèn parentahi | sadaya wus sadhiya ||
98. linampahkên marang Lampèr aglis | praptèng tundhuk lan Radèn Dipatya | Kapitan Undur tur tabe | lakung tarimanipun | ing rahadèn [raha...]
--- [f. 693v] ---
[...dèn] rêkyana patih | tanya watêkanira | kajêng sang aprabu | igih parapon[51] lujênga | sampun kongsi amagih dêduka aji | mèsêm Radèn Dipatya ||
99. wus winisik ing radèn apatih | bêbarang salir watêking nata | Undur lakung sukèng tyase | kinanthèn lampahipun | Undur bêkta sêratirèki | komasaris kalawan | radyan patih wau | samya angaturkên sêrat | lampahira ing marga datan winarni | wus prapta Kartasura ||
100. panggih lawan Tirtawigunèki | lajêng binêkta maring jro pura | tur uninga ing praptane | pun Kapitan Undurup | tinimbalan marang jro puri | tundhuk lawan sang nata | tur tabe manêkung | saha matur arêrêpa | ngaturakên surat saking komasaris | tinampan tinupiksa ||
101. atur tabe lan tarima kasih | dening sang nata agêcak Cina | lan malih amaringake | Kumpêni kang wus nungkul | lan amundhut bala Kumpêni | pun Undur kaatura | dhatêng sang aprabu | lan malihipun kawula | anênuwun yèn lêga tyas panduka ji | abdi kang pinarcayan ||
102. igih sumados kenginga ugi | atêtulung sakaliring rêmbag | ing Kumpêni saking dene | tan watên kang tinantun | mênggah abdi dalêm bupati | tamat titi kang sêrat | gêntya kang winuwus | Rahadèn Natakusuma | budhal saking Sêmarang sawadyanèki | bibis tasik ing marga ||
164. Durma
[Wadya Cina kawon jurit mengsah wadya Kartasura. Radèn Martapura mbiyantu wadya Cina ingkang dipunpandhégani dening Pibulung, Singsèh saha Sapanjang.[52]]
1. lampahira rahadèn rêkyana patya | dhusun Rakut dyan prapti | lajêng masanggrahan | anganti praptanira | sagung pugawa pasisir [pa...]
--- [f. 694r] ---
[...sisir] | duk tinimbalan | kathah kang dèrèng prapti ||
2. ikang sampun prapta nanging wong ing Kêndhal | lawan ing Lèpèntangi | lan Ki Wirasêstra | nanging wongira têlas | wus balik ing musuh lami | samya kinarya | pangajêng ikang baris ||
3. tan alami kang baris anèng Layapan | nulya umajêng malih | dening radèn patya | ngêbroki ing Layapan | cucuk anèng Têlêgaji | kang kawuwusa | sira Dipati Pathi ||
4. lawan Radèn Martapura wus miyarsa | lamun radèn apatih | prapta saha bala | pakuwon ing Layapan | wong Cina sadaya prapti | apirêmbagan | lawan Dipati Pathi ||
5. sira Singsèh Sapanjang asru angucap | kapriye ki dipati | radèn patih prapta | wadya tanpa walingan[53] | kapriye kathane jurit | wong gawe sêmang | durung wruh tata Jawi ||
6. Ki Dipati Pathi alon wuwusira | bapak[54] tataning Jawi | aprang têtêmênan | [...] |[55] nora angeman wong cili | sok karêksaa | dènnya karya wêwadi ||
7. dene ikang liya rahadèn apatya | tumpêsên ayya kari | pan wong mêmusuhan | kabèh wong Kartasura | miwah bala ing pasisir | singa kacandhak | ing ajang pinatèni ||
8. besuk Akad ginitik wong Kartasura | bitinge dèn ugahi | wong Cina kang ana | ing Dêmak bantonana | dimone lêlèdhèk wani | rêbut jajahan | lan wong Kartasurèki ||
9. Si Ngabèi Pibulung parentahira | kiraba sabên enjing | dèn kalènjèrana | kang baris ing Layapan | Sapanjang gya marentahi | ing wadya Cina | tri atus kang bantoni ||
10. mring Ngabèi Pibulung kang baris Dêmak | budhal sagung prajurit [praju...]
--- [f. 694v] ---
[...rit] | Cina kalih dasa | bêndera kang lumampah | nêgari Dêmak wus prapti | panggih kalawan | Pibulung Angabèi ||
11. dhinawuhan parentahira Sapanjang | kiraba sabên enjing | angalèncèrana | kang baris ing Layapan | sigra Pibulung Ngabèhi | ngundhangi bala | munya kêkênthung bèri ||
12. wus samêkta budhal saking kitha Dêmak | wadyanira pinalih | mêdal ing baita | sapalih miyos dharat | asurak-surak samargi | prajurit Cina | samya gambirèng wèsthi ||
13. praptèng Kêdhungutêr kèndêl nata bala | Pibulung Angabèi | asuwarèng bala | kabèh prajurit Cina | padha asoa rumiyin | amêtu[56] dharat | miwah kang mêtu kali ||
14. nulya ngumpul sagunging prajurit Cina | kapalane ngundhangi | Pibulung sru ngucap | iya ing benjang enjang | sun arsa ngantêp ing jurit | biting Layapan | besuk sun obrak-abrik ||
15. wong Sêmawung kathah kêning sanjata |[57] tan atahan nadhahi | wadya Tanparaga | lan wong Jayaparusa | tan wotên tulung ajurit | nonton kewala | pan sarwi anyuraki ||
16. dadya matur wong Sêmawung kathah pêjah | Cina angasêg wani | nêmpuh barisira | wadya Jayaparusa | lan wadya Tanparagèki | ya surèng wadya | Pibulung Angabèi ||
17. payo ngamuk rasangên bitinge pisan | Cina mangamuk ngukih | ramya tinadhahan | ing wadya Tanparaga | lan wong Jayaparusèki | abêbêdhilan | wong Cina ngamuk wani ||
18. samya mawur wong Tanparaga lumalya | wong Jayaparusèki | malêdug sasaran | bètèng kering myang kanan | sakarine ikang baris | wong Jayataka | lan wong Naratakèki ||
--- [f. 695r] ---
19. katadhahan dening wadya Jayataka | rame bêdhil-binêdhil | radèn adipatya | têdhak suwarèng bala | padha mêtua dèn aglis | kang wadya kumrab | mêdal jawining biting ||
20. lajêng nêmpuh bêngawan prajurit Cina | samya bêdhil-binêdhil | kang prajurit Cina | samya ngamuk mangidak | kang wadya radèn apatih | datan atahan | samya lumayu ngisis ||
21. samya ngungsi salêbêting pabitingan | ana anganan kering | kantun kang pra lurah | nèng jawi pabitingan | kori sampun dèn tutupi | prajurit Cina | ngasêg angidak wani ||
22. para lurah lumayya mring pabitingan | mènèk sangkrah kulampis | kang prajurit Cina | angrangsang pabitingan | pajagan salêbêt biting | gya inguncalan | ingêlong wus kabêsmi ||
23. apuyêngan gègère jro pabitingan | wong Cina abêdhili | saking jawi rangkah | wau kang kawarnaa | Radèn Sujanapurèki | pakuwonira | mugèng kananing rèki ||
24. êlêt sabin sabulak sampun samêkta | nêdya têtulung jurit | mêdal saking kanan | lajêng nalambung yuda | ramya campuhing ajurit | samya umiyat | wadyane radèn patih ||
25. yèn anglambung Rahadèn Sujanapura | ikang lumalya sami | wangsul samya nasah[58] | prajurit Cina panggah | Pibulung ikang nindhihi | samya kotbuta | mamuk mangrurah biting ||
26. sigra wau Rahadèn Wiryadiningrat | saha bala glis prapti | atêtulung yuda | wus atêmpuh ranăngga | wong Cina kèh angêmasi | karoban lawan | samya lumayu wiwrin ||
27. para lurah wadyane [wadya...]
--- [f. 695v] ---
[...ne] rahadyan patya | mêdas[59] samya ungusir | tuwin wadyanira | Radèn Sujanapura | gènnya mangusir nglancangi | akèh kacandhak | wong Cina dèn tugêli ||
28. murdanira katur mring radèn apatya | suka dènnya ningali | wus samya ginanjar | kabèh kang angsal sirah | nyadasa kang angsal kuping | anglimang reyal | suka manahing dasih ||
29. samya mundur wau kang prajurit Cina | wangsul mring Dêmak malih | saha tur uninga | ing Radèn Martapura | lawan Sang Dipati Pathi | yèn pur ing yuda | tan asor tan aigil ||
30. dyan siyaga sira Radèn Martapura | nêdya bantu ngajurit | mring nagari Dêmak | lawan prajurit Cina | pănca yatus[60] kang dèn irid | wus praptèng Dêmak | lan Pibulung wus panggih ||
31. kuning[61] ikang gêntya wau kawuwusa | Arya Prigalayèki | prapta Garobogan | lawan sagung pugawa | pan sampun apacak baris | pangarsanira | Trêmala dènnya baris ||
32. Ki Tumênggung Mangunnagara kalawan | Kyai Wiragunèki | Singaranu lawan | Dyan Malayakusuma | punika ikang nindhihi | Dyan Prigalaya | Bicak dènira baris ||
33. kang wadya lit Garobogan apuyêngan | wanèh atur upêksi | marang gustinira | kang anèng nagri Dêmak | Rahadèn Martapurèki | dupi miyarsa | duka yayah sinipi ||
34. animbali marang Radèn Suranata | lan Padmanagara glis | lan Pibulung samya | wus prapta ngarsanira | Rahadèn Martapura ngling | padha karia | isun miyarsa warti ||
35. yèn ing Garobogan akancikan mêngsah | wadyèng Kartasurèki | têtindhihing lampah | Rahadèn Prigalaya | lawan Mlayakusumèki | pănca pugawa | kang samya dèn tindhihi ||
36. kawalana bae kang baris Nglayapan | iku sun cacak dhingin | Arya Prigalaya |
--- [f. 696r] ---
sigra dènnya siyaga | Rahadèn Martapurèki | budhal mangetan | wangsul mring Gubug malih ||
37. praptèng Gubug lajêng dènnya pirêmbagan | lawan Dipati Pathi | lan Singsèh Sapanjang | sru angling Martapura | dèn samya prayitnèng wèsthi | têngga sang nata | kawula arsa gitik ||
38. musuh Kartasura kang ngancik ing Bicak | arsa kula ayoni | Arya Prigalaya | senapati ing yuda | kathah pugawa umiring | yèn winatara | salêksa gunging baris ||
39. kula botên abêkta kanthi pugawa | sun cacake pribadi | lan prajurit Cina | igih satus kewala | Dipati Pathi lingnya ris | ayya pêpeka | kula milya ngawaki ||
40. mêngsah dika kathah bok kapara tiwas | Radèn Martapura ngling | sanadyan wêndrana | lamun ratune kalah | wong cili darma nglakoni | yèn ratu cidra | ilang yonining jurit ||
41. sun saosi wong tigang atus kewala | wong Kartasura benjing | pasthi yèn katawan | sun langèkne jêblogan | adhuh-adhuh dènira ngling | Radèn Paridan | sarwi angêntrog wêntis ||
42. budhal saking Gubug Radèn Martapura | kalawan pun Cik Êtik | lawan pun Cik Macam[62] | satus kang wadya Cina | ginêlak lampahing baris | wus praptèng Wotan | kèndêl anata baris ||
43. Radèn Martapura arsa najok[63] surat | marang Prigalayèki | kang sêrat wus dadya | sinungkên kajinêman | pun Lêksajaya namèki | lan Sewajaya | mangkat saha wotsaris[64] ||
44. sigra-sigra lampahira kajinêman | ing marga tan winarni | praptèng barisira | Rahadèn Prigalaya | tumanduk kang duta kalih | praptèng ngayunan | Radèn Pringgalayèki ||
--- [f. 696v] ---
45. duk sineba dening sagung mantrinira | kagyat wadya tur paksi | yèn ta wontên duta | saking pun Martapura | kêkalih abêkta tulis | tugul panantang | sigra kinèn nimbali ||
46. praptèng ngarsa wus pinundhut suratira | sigra tinupiksa glis | têmbunge kang sêrat | katura ikang salam | ing Radèn Arya marmèni[65] | lampah andika | dening kongsi nglampahi ||
47. loring Gunung Kêndhêng punapa tan mirsa | botên akulak warti | yèn ing lampah kula | miwah sasolah kula | watên ikang angêpuki[66] | apêksa lancang | andika sun arani ||
48. tan akilak pamyarsa sade parungyan | yèn loring Kêndhêng mangkin | watên banthèng ugal[67] | warèng duk tumambirang | akêracak purasani | arsa anyandhang | kalawan gajah putih ||
49. lan malihe dika Radèn Prigalaya | sampun amarêpêki | ênggèn kula wayang | mênawa kaplêsatan | ing cêpala[68] dèn atêbih | yèn amêmanjak | ayya arêregoni ||
50. duk miyarsa runtik Radèn Prigalaya | sêrat sinêbit-sêbit | sinungakên duta | pan sampun ingangsulan | ikang duta nêmbah amit | tan winurcita | ing marga sampun prapti ||
51. duta kalih pakuwone gustinira | atur surating rèki | saking Radèn Arya | tinampan tinupiksa | hèh Martapura sirèki | akirim layang | pan wus sun tupiksani ||
52. sun kawruhi saunining layangira | yèn loring Kêndhêng mangkin | isi cêpe[69] lawan | gudèl gumêbêg ika | sanadyan isia nênggih | buta salêksa | lawan kang banaspati ||
53. apan iya nora kandhêg lakuniwang | apan tanah pasisir | tandhês ing lautan | pan iya kang kagungan | jêng gusti sri narapati | lakung bramatya | Radèn Martapurèki ||
--- [f. 697r] ---
54. ulat andik pinuntir jêjegotira[70] | bêkuh sarwi macicil | angundhangi bala | sagung wong Garobogan | wong desa samya kinêrig | pan ingagêman | landheyan pring Sêmawis ||
55. sinisikan katingal waos apêthak | pinêrnah kanan kering | asru angandika | Rahadèn Martapura | ayya na kang milu jurit | padha suraka | saking kanan lan kering ||
56. atêngara budhal sagung kang gêgaman | kang mugèng kanan kering | sarwi surak-surak | ikang pinangku ngarsa | amung wadya kawan biting | lan wadya Cina | satus kang mugèng ngarsi ||
57. nitih kuda sira Radèn Martapura | ngapit wong Magêrsari | arja sasong seta | ginarêbêg ing wadya | Kadhokngorèk mugèng wuri | umyung tinêmbang | ginêlak punang baris ||
58. praptèng Bicak wau ikang kawarnaa | wadyèng Kartasurèki | gugup amiyarsa | kalamun musuh prapta | sigra dènnya tata baris | Tumênggung Wira- | guna lan Singawarih ||
59. Radèn Mlayakusuma Mangunnagara | samya atata baris | sigra dènnya mangsah | wadya ing Garobogan | Martapura anindhihi | lan wadyanira | sarêng nêmpuh mangukih ||
60. tinadhahan dening wadya Kartasura | rame bêdhil-binêdhil | wadya Garobogan | lawan kang wadya Cina | gumulung mamuk mangukih | wong Kartasura | panggah wus kèh ngêmasi ||
61. Radèn Singaranu umiyat ing wadya | kalamun kèh ngêmasi | gya nitih turăngga | nandêr marang ngayunan | mangsah kang katrajang ngisis | wong Garobogan | lumalya kanan kering ||
62. tinagulang marang [ma...]
--- [f. 697v] ---
[...rang] ing prajurit Cina | kinarutug ing bêdhil | nanging maksih nêngah | binêdhil kalataka | Radèn Singaranu kêni | wus kapisanan | tiba saking turanggi ||
63. gya rinêbat marang anak putunira | inguwot ing turanggi | Ki Tumênggung Wira- | guna têtulung yuda | saha bala mangsah pulih | prajurit Cina | panggah dènnya nadhahi ||
64. Radèn Martapura asuwarèng bala | kinèn umangsah malih | saking kering kanan | sigra dènnya umangsah | myang wong Cina ngidak wani | wong Kartasura | rusak tataning baris ||
65. kudanira Ki Tumênggung Wiraguna | pan wus kesisan dasih | pan kinandhang-kandhang | marang prajurit Cina | sarta kinarutug bêdhil | sing kering kanan | Wiraguna ngêmasi ||
66. pan malêdug wadyabala Kartasura | wong Cina samya ngusir | myang wong Garobogan | prasamya anglud mangsah | kang kacandhak kèh ngêmasi | wong Kartasura | pinêdhangan ing abir ||
67. Radèn Arya Malayakusuma dhadhal | lan Mangunnagarèki | ngusi bitingira | Rahadèn Prigalaya | kang wadya lit lakung wiwrin | sira Rahadyan | Prigalaya miyarsi ||
68. sakalakung sura yudane wong Cina | dadya rêmbaging rèki | Radèn Pringgalaya | mundur dhatêng ing Kampak | pan angrês manahing rèki | wong cili myarsa | yèn rêmbaging prayayi ||
69. karsa mundur maring Kampak barisira | wong cili angriyini | samya salang tunjang | gègère pabarisan | pêpikul wus dèn buwangi | pating bukakrak | pati-pati bêntusi ||
70. lakung dènnya gugup Arya Prigalaya | tinilar ing wadya lit | nanging lakung mirang | lamun bubara siyang | dadya kori dèn tutupi | wus ingundhangan | sagunge kang prajurit ||
71. ayya ana
--- [f. 698r] ---
kang dhingin sarênga radyan | budhal ing mêngko latri | dadya sagung ikang | wadya repot tan têlas | kantun kang para prajurit | samya prayitna | kuda wus dèn kambili ||
72. kawarnaa wau kang prajurit Cina | kèndêl dènira ngusir | myèng[71] wong Garobogan | Rahadèn Martapura | kalawan pun Mudha Êtik | wus masanggrahan | samya kasmaran jurit ||
165. Asmaradana
[Radèn Pringgalaya kintun serat dhumateng sri naréndra ing Kartasura bilih wadyanipun kasoran jurit. Tumenggung Tirtawiguna dipunutus sri naréndra supados tansah reraketan kaliyan kumpeni.[72]]
1. Radèn Martapura aglis | parentah ing wadyanira | kang pênêd iku wadine | King[73] Tumênggung Wiraguna | ulês wus pinaringan | kinèn amêtêka gupuh | salawat wus pinaringan ||
2. wau ta pun Mudha Êtik | matur marang Martapura | kadipundi tuwan radèn | kula gitike wasisan | Si Arya Prigalaya | yèn rêmbag ing mangke dalu | kula tukupe kewala ||
3. Rahadèn Martapura ngling | nora kudu susah-susah | angabur Si Priga êlos | mêngko isun gawe akal | boya kudu manusya | iya Kadhokngorèk isun | sun kon bujung Prigalaya ||
4. hèh wong Garobogan aglis | padha golèta[74] wiwitan[75] | kang aluhur kang agêdhe | wèhana ambèn-ambenan | gamêlan ugahêna | tatabên ing têngah dalu | dimon mirsa Prigalaya ||
5. pasthi yèn migat pribadi | ngrungu Kadhokngorèk iwang | pasthi dèn arani ingong[76] | kang arsa amagut yuda | sigra wau kang wadya | manggih wite ngasêm luhur | wus sinungan bèn-ambenan ||
6. gamêlan migahkên ngigil | tan atêbah pêrnahira | kalawan pabarisane | Radèn Arya Prigalaya | mêngkona kang winarna | praptèng wanci têngah dalu | gamêlan umyung tinêmbang ||
7. kagyat sadaya miyarsi | sagunging wong pabarisan | sirarya Prigalayane | sigra anyeklak[77] turăngga | lumayu saha bala | sagung pugawa tan kantun | wadya lit mawur sadaya ||
8. gusise
--- [f. 698v] ---
sami salatri | watên kagungane nata | mariyêm ginadhuhake | marang Radèn Prigalaya | kantun ing pabarisan | nênggih watên magangipun | Radèn Arya Prigalaya ||
9. pocotan mantri Panumping | awasta Ki Kartadipa | ing Ngandong kawijilane | matur marang Radèn Arya | mariyêm kang gungan[78] |[79] raka panduka sang prabu | maksih kantun anèng Bicak ||
10. mênawi dinangu benjing | pasthi sampeyan kadukan | dening prang dèrèng abusèt | tilar kagungane nata | sumaur Radèn Arya | kasarêng sarwi abêkuh | lah iya kayapa sira ||
11. sira iku pêksa wani | mara sira balènana | mriyêm kagungan sang katong | tur sêmbah Ki Kartadipa | sandika nulya kesah | sarwi mundhut sikêpipun | marang sagunging pugawa ||
12. Ki Kartadipa wus bali | lampah pandung sêdyanira | wus praptèng Bicak lampahe | kapanggih mamring kewala | tan wontên musuh prapta | Kadhokngorèk kang angukung | maksih anèng katêbihan ||
13. mariyêm wus dèn dadani | gumujêng Ki Kartadipa | miyarsa Kodhokngorèke | mungêl nèng luhur kêkalyan[80] | asigra lampahira | Radèn Arya wus kasusul | kèndêl baris ing Kampak |[81]|
14. kalakung suka tan sipi | wau Radèn Prigalaya | umiyat marang solahe | Ki Kartadipa ginanjar | lakung dènnya sinihan | kapracayèng siyang dalu | tansah ing ngayunanira ||
15. mêngkana ikang winarni | apan wus gagat raina | Rahadèn Martapurane | kalawan pun Êncik Macan | budhal sing pamondhokan | saha bala sampun rawuh | ing Bicak wus kaancikan ||
16. angrantamakên wadya lit | sira Radèn Martapura | gêntya wau winiraos | Rahadèn [Raha...]
--- [f. 699r] ---
[...dèn] Natakusuma | budhal saking Layapan | saha wadyakusya umyung | nêdya majêng barisira ||
17. angêbroki ing Tlagaji | pangajêngira wus budhal | anèng Toyana barise | pasisir bang kilèn prapta | Rahadèn Jayaningrat | wau kang angirid laku | lawan Radèn Suralaya ||
18. pinêrnah pakuwonnèki | wau Radèn Jayaningrat | lan Radèn Suralayane | tunggil lan radèn apatya | kang tinuduh pangarsa | sira Răngga Kaliwungu | lawan Ki Ngabèi Kêndhal ||
19. kang tinuduh anindhihi | pugawa ing Kartasura | anênggih Mangunranane | lan Ngabèi Wiradigda | Ngabèi Rêksapraja | mangkana ikang winuwus | sira Radèn Martapura ||
20. wangsul marang Dêmak malih | dening nagri Garobogan | tinilaran mantri bae | kalawan prajurit Cina | tigang dasa tinilar | lampahe wus praptèng gubug | lajêng umarêk narendra ||
21. kapanggih Dipati Pathi | miwah pun Singsèh Sapanjang | suka miyarsa wartine | duk kalanira ayuda | lan wadyèng Kartasura | pugawa kalih kasambut | Singaranu Wiraguna ||
22. katur ing Jêng Prabu Kuning | Susunan Mangkurat Êmas | kalakung tusthèng driyane | miyarsa ing yudanira | pugawa Kartasura | saega amêngsah kuntul | ingawe mawur sadaya ||
23. sukan-sukan siyang latri | Prabu Kuning Amakurat | lawan sagung pugawane | tuwin kang prajurit Cina | umyung samya drawina | sira Ngabèi Pibulung | kang abaris anèng ngarsa ||
24. prapta dutane tur paksi | yèn radèn rêkyana patya | amajêngakên barise | ikang kinarya pangarsa | baris anèng Toyana | nênggih Răngga Kaliwungu | lawan Ki Ngabèi [Nga...]
--- [f. 699v] ---
[...bèi] Kêndhal ||
25. Dêmang Urawan nindhihi | kathah mantri Kartasura | tanpa wilangan balane | bêbiting anèng Toyana | dening radèn apatya | ing Tlagaji ênggènipun | amakuwon saha bala ||
26. Dipati Pathi amikir | malah ing badayuda |[82] lan Radèn Martapurane | yèn puniki lamun rêmbag | Singsèh lawan Sapajang[83] | Radèn Martapura muwus | kang abaris ing Toyana ||
27. kang kula cacak rumiyin | yèn wontên ungguling yuda | ing tata lêluwangane | Wong Agung Pajang Mataram | awis ikang kemutan | marang kadigdayanipun | kathah katut ing jalantah ||
28. kados ing Trêmala uni | pothèl ikang anèng ngarsa | ing wuri tanbuh gawene | Radèn Arya Prigalaya | senapatining yuda | agêndring dènnya lumayu | tan mawi ginitik ing prang ||
29. sadaya anut ing pikir | sira Radèn Martapura | pun Sapanjang miwah Singsèh | sigra angundhangi bala | samêkta ing ayuda | wus budhal saking ing Gubug | sira Radèn Martapura ||
30. lan wadya Cina kinêrig | dening kang têngga sang nata | Cina winêtara bae | lawan Dipati Santênan | ginêlak lampahira | Rahadèn Martapura wus | prapta sawetan Toyana ||
31. pan wanci ing pukul kalih | kèndêl samya nata bala | pan ing pukul sakawane | angrampid ing pabitingan | sagung prajurit Cina | mangsang kalatakanipun | kêkênthung bèri wurahan ||
32. Kapitan Singsèh nindhihi | ramya syaraning sanjata | wadya ing jro biting kagèt | samya miranti sadaya | rame abêbêdhilan | prajurit Cina gumulung | sami ngrasang pabitingan ||
33. pugawa Kartasurèki | sira
--- [f. 700r] ---
Ki Dêmang Urawan | Ngabèi Rêksaprajane | Ngabèi Wirawidigda | samya migah malatar | wong Cina akèh kasambut | sinipat saking palatar ||
34. Rahadèn Martapura glis | asuwarèng wadyanira | miwah pun Kapitan Singsèh | kang wadya sarêng umangsah | samya ngantêp ing yuda | wadyèng jro biting atangguh | abendrong[84] saking palatar ||
35. ing pukul sakawan latri | dènira wiwit ayuda | mangkya wus gagat siyange | katingal wawas-winawas | mundur prajurit Cina | wadya Cina pamrihipun | wong jro biting mêtonana ||
36. nanging tan purun mêtoni | bêdhil saking katêbihan | bêdhil-binêdhil arame | praptèng pukul kalih wêlas | gènira badayuda | prajurit Cina sadarum | samya kèndêl mêmanganan ||
37. dupi praptèng wanci lisir | kilèn kang prajurit Cina | sarêng mangsah ngrasang bètèng | sêdya ngantêp ing ayuda | Rahadèn Martapura | lan Singsèh nindhihi pukur | kotbuta prajurit Cina ||
38. tan kandhêg binendrong bêdhil | riwut samya kang ayuda | wong Cina nguncali êlong | kabong jroning pabitingan | gègèr dening dahana | tataning baris wus kuwur | wong cili mawur puyêngan ||
39. Cina samya amêgati | wadya wayang-awuyungan | kathah bucal gêgamane | biting sampun kalêbêtan | dening prajurit Cina | sira Răngga Kaliwungu | nêdya kiwul saha bala ||
40. kinarubut ing ajurit | Ki Răngga sampun palastra | tinigas utamanggane | Ki Ngabèi Wiradigda | lawan Dêmang Ngurawan | myang Rêksapraja angumpul | wadyane wus kathah pêjah ||
41. sakarine angêmasi | agalong dènnya lumalya | angamuk lamun kasompok [ka...]
--- [f. 700v] ---
[...sompok] | Cina tan purun pêrêka | dadya kinandhang-kandhang | binêdhilan saking pukur | miwah saking kering kanan ||
42. prajurit Cina kèh bali | samya ngrayah pabitingan | dadya bênggang ing lampahe | sira Ki Dêmang Ngurawan | Ngabèi Wiradigda | nêdya ngusi bitingipun | rahadyan rêkyana patya ||
43. sagunge wadya kang kanin | ikang samya dèn rarămpa | sira Dêmang Urawane | lan Ngabèi Wiradigda | Ngabèi Rêksapraja | samya gêgêlaprut êndhut | datan awarni manusya ||
44. sapraptanirèng Tlêgaji | lajêng marêk ing ngayunan | kang umiyat angrês kabèh | angungun rahadèn patya | katur sasolahira | miwah Răngga Kaliwungu | katur yèn kasambut ing prang ||
45. Toyana sampun dèn broki | igih dhatêng pun Paridan | miwah pun Kapitan Singsèh | ngandika radèn apatya | uwis ayya dinawa | wus jamake aprang pupuh | asor ugul karsaning Yyang ||
46. ayya susah ikang ati | pira duwèkmu kang ilang | isun kang ngilèni kabèh | wis padha sira mondhoka | tunggala lan Si Jămbla | kang tinuduh nêmbah muntdur[85] | sapraptane pamondhokan ||
47. tinungkak pêparing mintir | arta kalawan busana | wus samya eca manahe | gêntya wau kawuwusa | Rahadèn Prigalaya | atur uninga sang prabu | dènnya kasoran ing yuda ||
48. pugawa kalih ngêmasi | Singaranu Wiraguna | kang sêrat lumaksana ge | prapta nagri Kartasura | wus katur ing sang nata | ya ta ing saaturipun | Radèn Arya Pringgalaya ||
49. yèn mêngsah punika mangkin | Mangunonêng [Manguno...]
--- [f. 701r] ---
[...nêng] Martapura | gusti pan dede wadine | mila sangsaya angrabda | igih darmi lumampah | salir solah bawanipun | punika darmi lumampah ||
50. pun Paridan najok tulis | gusti dhatêng ing kawula | lamun sasolah-solahe | pan igih darma lumampah | angadêgakên raja | anglampahi ing satuduh | kawula ajrih matura ||
51. mila kawula unduri | abaris watên ing Kampak | igih saking kawatose | dening rencang dede rencang | pan mêngsah dede mêngsah | kawula ajrih kalakung | lair rencang batin mêngsah ||
52. sang nata ngungun miyarsi | duka sêmutên kang jaja | sumung-sumung pasuryane | animbali Wirajaya | sapraptanirang[86] ngarsa | asru ngandika sang prabu | alah iki Wirajaya ||
53. Si Prigalaya tur tulis | aprakara ikang mêngsah | samêngko dudu wadine | ana ikang duwe akal | pan iya padha rowang | Si Gêrêndi madêg ratu | ana ikang duwe polah ||
54. marmane Si Punuk aglis | barise mundur mring Kampak | ikang tinaha batine | iya kang baris Layapan | dening nora kayaa | jagat kudu ara-uru | senapati makan tuwan ||
55. sira lumakua aglis | marang barisaning Kampak | ompong têtêmua dhewe | kalawan Si Prigalaya | ing warta dèn waspada | Wirajaya nêmbah mundur | mêdal saking jroning pura ||
56. sapraptanira ing jawi | lajêng budhal sigra-sigra | wus prapta Kampak lampahe | wus panggih lan radèn arya | sêmana binisikan | sapawartanira katur | Radèn Arya Prigalaya ||
57. kadriya ikang pawarti | Ki Tumênggung Wirajaya | apan tansah gèdhèg-gèdhèg | lawan adangu[87] sanjata | mariyêm kang ginadhah | maksih lawan botênipun | katur yèn maksih binêkta ||
58. Tumênggung Wirajaya mit |
--- [f. 701v] ---
wus mundur saking ing Kampak | kunêng ikang winiraos | Tumênggung Tirtawiguna | kang anèng ing Sêmarang | kang tinuduh angrêrapu | amirapêt ikang rêgang[88] ||
59. sêmana dutanya prapti | ngaturi sêrat sang nata | kang sêrat sampun tinampèn | binuka sinukmèng driya | ing kajêng sri narendra | abdi dalêm pun Tumênggung | Tirtawiguna tur pêjah ||
60. gêsang ngaturi nrêpati | saha kang pinudya-pudya | mangambêg[89] santa budyane | ikang paramartèng wadya | ring kang sêmbah kawula | rèhning kang abdi tinuduh | amirapêt ing arênggang ||
61. igih sagunging Kumpêni | pun kumêndur sakatrinya | komasaris sêpuh anèm | pan igih sampun pracaya | gusti dhatêng kawula | mung satugil cacadipun | Kumpêni samya miyarsa ||
62. kang rêregoni prakawis | pun paman Natakusuma | Mas Gêrêndi pangadêge | punika saking pun paman | pawarti kang kapyarsa | igih dhatêng pun kumêndur | marma săngga ing tyas |[90]|
63. punika kang rêrubêdi | kawula ngaturkên tiwas | nglampahi ayahan katong | rèhning angabdi kawula | sumăngga karsa nata | duk miyarsa sang aprabu | latu-latu ikang jaja ||
64. mawinga-winga awêngis | andik pasurya[91] smu rêkta | kasaru wau praptane | Ki Tumênggung Wirajaya | lajêng tumamèng pura | praptèng ngarsa awotsantun | sang nata aris ngandika ||
65. hèh Wirajaya Si Êtir | iki angaturi sêrat | ênya lah dêlêngên kiye | Ki Wirajaya tur sêmbah | sêrat sampun tinampan | miyat dukane sang prabu | gumêtêr Ki Wirajaya ||
66. gènira amaos tulis | tinungkak nata ngandika | pan wus pratela alane | si paman Natakusuma | gugup Ki Wirajaya | maos srat sarwi wotsantun | ature pan pêgat-pêgat ||
67. măngsa barong panduka ji | abdi dalêm pun Ariya | èstu mêkatên ature | ngandika [ngandi...]
--- [f. 702r] ---
[...ka] sri naranata | wus ilang trêsnaniwang | marang si paman pan isun | rêsik ayya[92] kalepetan ||
68. kayapa dayane rèki | tur sêmbah Ki Wirajaya | yèn mêkatên sang akatong | panduka anglilakêna | igih dhatêng pun paman | yèn tan mêkatên pukulun | tan wande kalêlepetan ||
69. lah iya kirima tulis | marang Si Tirtawiguna | yèn isun anglilakake | mring paman Natakusuma | apan sêdyane ala | sakarêpe si kumêndur | myang komasaris kalihnya ||
70. lungaa sing tanah Jawi | yya ngala-ala maringwang | tur sêmbah anulya lèngsèr | saking ngarsane sang nata | Tumênggung Wirajaya | sapraptaning jawi gupuh | nulya nglampahakên duta ||
71. dhatêng nêgari Sêmawis | kunêng wau kawarnaa | kang anèng Gubug barise | adipati ing Santênan | budhal maring Toyana | atêtilik sêdyanipun | marang Radèn Martapura ||
72. saha wadyanira atri | wus prapta ing Banyuyana | panggih lan Kapitan Singsèh | miwah Radèn Martapura | lajêng apagunêman | aprakara kang rinêmbug | arsa ngaturana surat ||
73. ing radèn rêkyana patih | wus dadya ikang pirêmbag | dyan lumaksana dutane | pan sarwi ambêkta surat | ing marga tan winarna | ing Tlêgaji sampun rawuh | duta tumamèng byantara- ||
74. nira rahadèn apatih | lagya sinawakèng bala | myang sagunging pugawandhèr | sira Radèn Suralaya | Rahadèn Jayaningrat | tuwin ing Batang Tumênggung | Pamalang lawan ing Kêndhal ||
75. miwah Răngga Lèpèntangi | kang kinèn angayumana | nênggih watên atmajane | awasta Ki Wăngsaprana | kang lagya binakalan | angrèh wadya Kaliwungu | mêngkana dutèng Santênan ||
76. praptèng ngarsa atur tulis | kagyat sagung ikang miyat | kang sêrat sampun tinampèn | ing radèn rêkyana patya | binuka sinukmèng tyas | dyan bêbukane kang têmbung | katura sêmbah kawula ||
77. punika Dipati Pathi | kalawan pun Martapura | atur uninga wiyose [wiyo...]
--- [f. 702v] ---
[...se] | rèhning kawula dinuta | abêbakali[93] raja | wayah panduka pukulun | Mas Gêrêndi sampun dadya ||
78. kawula darmi nglampahi | sumăngga ing karsa tuwan | anênggih mangke pênêde | yèn suwawi pinarêkan | dhatêng nagri ing Dêmak | lawan Cina aturipun | wayah sampeyan sumăngga ||
79. yèn tan arsa angawaki | kang abdi nuhun pitêdah | gumujêng wau rahadèn | iki akale wong edan | titi tamat kang surat | pan pinaringakên gupuh | marang Radèn Suralaya ||
80. nanging sajroning srat nênggih | watên sêrat lêlêmpitan | alit tan pinaringake | marma sagung pra dipatya | samya salah graita | dening sêrat jawi wau | pugawa gêntya nupiksa ||
81. ya ta kang winuwus malih | duta saking Kartasura | praptèng Sêmarang lampahe | panggih lan Tumênggung Tirta- | wiguna wus tinampan | kang sêrat sinukmèng kalbu | suka dènira miyarsa ||
82. wus lajêng lumêbèng loji | Tumênggung Tirtawiguna | katur satêmbung-têmbunge | sêrat saking Kartasura | mring komasaris bêsar | miwah dhatêng ing kumêndur | prasamya suka miyarsa ||
83. sêrat wus kinèn ngangsuli | yèn sang nata tuhu lilah | animbalana dèn age | ing Radèn Natakusuma | lawan kinèn mampira | ing loji panggih lan isun | Tirtawiguna wus mêdal ||
84. kang duta tinulak aglis | sampun binêktanan sêrat | kang badhe katur sang katong | duta lampahira sigra | wus prapta Kartasura | sêrat katur ing Tumênggung | Wirajaya dyan siwaka ||
85. sapraptanira ing jro puri |[94] surat katur ing narendra | nulya tinupiksa age | sang nata sigra putusan | amatêdhani sêrat | ing radèn apatih wau | asigra lampahing duta ||
86. sampun prapta ing Tlêgaji | duta tumamèng ngayunan | kang sêrat dhinawuhake | ing radèn rêkyana patya | tinampan tinupiksa | miyarsa kalakung ngungun | sira rahadèn apatya ||
87. apan tinimbalan mulih | lan pinatêdhan uninga | yèn mêngsah Cina ing mangke | wus angancik Salatiga [Sa...]
--- [f. 703r] ---
[...latiga] | lan kinèn amampira | pêpanggiha lan kumêndur | myang komasaris kalihnya ||
88. kagyat rahadèn apatih | lakung wagugên ing driya | gènnya miyarsa wartine | Cina ngancik Salatiga | dadya ngundhangi bala | wadya lit kang samya ngrungu | budhal tan mawi ngundhangan ||
89. pikul samya dèn bucali | wus pêpêt dèning rêmbatan | wau korine kang bètèng | dening sagung pra dipatya | samya mugèng ngayunan | radèn patih ngandika sru | mring Ngabèi Wiradigda ||
90. lawan Ki Rêksaprajèki | lan pêpatihe kang putra | Ki Martayuda namane | hèh sira padha karia | lawan sabaturira | panjêrên gandera iku | dèn katon saking kadohan ||
91. yèn mêngko isun lumaris | kira-kira saonjotan | sira sumungsula kabèh | yya kari sabaturira | poma ayya pêpeka | panjêrên gandera iku | kabèh yya sira tigala ||
92. tur sêmbah ikang tinuding | sira rahadèn apatya | budhal sawadyabalane | atata ing lampahira | wus angsal saonjotan | kèndêl ngantusi[95] ing pukur | wadya glar ngèbêki papan ||
93. prajurit Cina udani | yèn baris Tlêgaji bubar | apan arsa dèn kêkadhol | nanging tahane kang manah | maksih watên gandera | pinanjêr panyananipun | jro biting maksih akathah ||
94. dangu-dangu aningali | yèn watên gêgaman mêdal | anusul gêgaman gêdhe | gandera maksih tinilar | ya ta kang wadya Cina | awas dènira andulu | tumanduk mring pabitingan ||
95. pondhok samya dèn abongi | wau ta Ki Wiradigda | sampun amor ing lampahe | lan radèn rêkyana patya | lajêng samya lêlampah | ing marga datan winuwus | praptèng dhusun ing Rangkudan ||
96. amasanggrahan dyan patih | lawan sagung pra dipatya | nanging tan eca manahe | dening wus miyarsa [miyar...]
--- [f. 703v] ---
[...sa] warta | ing dukane sang nata | winastan makèwêd laku | batine kanthi wong Cina ||
166. Kinanthi
[Naréndra Kartasura utusan kumpeni nyepeng radèn Natakusuma. Adipati Pathi saha wadya Cina badhé ngalurug dhateng Kartasura.[96]]
1. rahadèn patih sadalu | tan anare[97] mêrêm mêlik | kang kacipta jroning nala | ing karsa mandhêg anolih | yèn isun anutugêna | amamong mring Sang Garêndi ||
2. liwat nisthane wak isun | dene wis corah ing warti | lêlakon isun punggêla | tan wande isun bilai | Si Garêndi sun cêkêla | sun aturna mring sang aji ||
3. abangêt niayanisun | pasthi ngayunan tinagih | besuk ing alam ngakerat | dening ku panggawe mami | kaya priye solah iwang | sêmana wus gagat enjing ||
4. nimbali pêpatihipun | Surajaya praptèng ngarsi | lan sagunging para lurah | sadaya wus praptèng ngarsi | rahadèn patih ngandika | sira kabèh isun todhi ||
5. trêsnanira marang isun | pa milu sabaya pati | utawi si lamun nora | padha matura sayêkti | pra lurah samya karuna | dhuh gusti sang adipati ||
6. anjalmaa kaping sèwu | tan adarbe tingal kalih | yèn maksih nèng tanah Jawa | lêbura dèn kadya siti | sanadyan gusti nabranga | yèn kenging milya nglabuhi ||
7. kang putra sadaya rawuh | praptèng ngarsa awotsari | Adipati Jayaningrat | Radèn Natawijayèki | lan Radèn Wiryadiningrat | punika kang sangêt-sangêt sakit |[98]|
8. marma sangêt rêntêngipun | tyasira radèn apatih | dening sakite kang putra | nuju totog ing prakawis | rahadèn patih ngandika | kabèh wadya-wadya mami ||
9. bèk[99] nèng Bahrawa isun |[100] arsa nêrangakên pikir | yèn tan kago atur iwang | ing kono sun cawêt gilig | sun rewangi bêng-ubêngan | pan iya isun lakoni ||
10. măngsa kudhisana isun | angakahi tanah Jawi | yèn sang nata maksih dhahar | atur ingwang kang darêngki | nora ngage atur iwang | pasthi jagat nora bêcik ||
11. hèh Surayuda Parêmbun | ing besuk muliha aglis | kalawan Si Nilasraba | Si Sewabăngsa yya kari | wong Bagêlèn ayumana | sira apacaka [a...]
--- [f. 704r] ---
[...pacaka] baris ||
12. atêpunga sira besuk | lan wonge Si Adipati | Jayaningrat Pakalongan | besuk angadêgna baris | nulya sagung para lurah | asupata gênti-gênti ||
13. ing samêngko awak isun | pama lumpuh wuta tuli | dening akuku mangakang[101] |[102] arja siyung purasani | iku padha kawruhana | wadya sadaya wotsari ||
14. sigra wau aturipun | Radèn Sujanapurèki | mênggahing rayi sampeyan | lan putra sampeyan nênggih | kang kantun nèng Kartasura | paran rèh panduka benjing ||
15. rahadyan ngandika asru | agampang paman nak rabi | sok ugi kadadèhana | paman lêlakon puniki | nulya angundhangi bala | budhal ing sadina benjing ||
16. ing latri datan winuwus | enjing sagunging prajurit | sadhiya anata wadya | ing lampahe dèn undhangi | dèn rakit anèng ing marga | ngambah talatah Sêmawis ||
17. budhal saha bala umyung | tanpa wilangan wadya lit | ing marga tan winurcita | ing Lampèr sêmana prapti | amakuwon saha bala | rahadèn rêkyana patih ||
18. kèndêl tan ana wong wêruh | praptane ing komasaris | Kumpêni tan munasika | antara ing tigang latri | rahadèn patih ngandika | duk ing wanci pukul kalih ||
19. mring Lurah Jayèngastrèku | kang saos amêmêtêki | lawan Lurah Jayataka | Si Garèng warahên enjing | konên marang ing pondhoknya | kakang Tirtawigunèki ||
20. kakang Tirtawigunesuk | turana lumêbèng loji | kon warah yèn isun arsa | têtêmu lan komasaris | kagyat wadya kang miyarsa | dènnyarsa lumêbèng loji ||
21. dening wingi rêmbugipun | sêdya ngantêp ing prakawis | dèn rowangi bêng-ubêngan | angakahi tanah Jawi | dening kang abdi sadaya | dèn pundhut prasêtyanèki ||
22. iki apa wadinipun | têkarsa malêbèng loji | dening ta wus têtampangan[103] | kang abdi binanggi-banggi[104] | Kêdhu Bagêlèn Mataram | kang kinèn umadêg baris ||
23. apa dening putranipun | Jayaningrat Adipati [A...]
--- [f. 704v] ---
[...dipati] | pan uwus pinatah-patah | besuk kinèn madêg baris | sêdya ngantêp ing ayuda | mêngko arsa mlêbèng loji ||
24. wusnya gagat siyangipun | Garèng sampun dèn dhawuhi | kinèn marang pamondhokan | Tirtawiguna tur paksi | yèn radèn patih akarsa | panggih lawan komasaris ||
25. Ki Garèng miyarsa jêtung | apa wadine jêng gusti | têkarsa apêpanggiha | lawan tuwan komasaris | mêngko isun arsa ngatag | timbalane kanjêng gusti ||
26. Ki Garèng wus praptèng ngayun | ngandika radèn apatih | Garèng egal lumakua | mring kang Tirtawigunèki | warahên yèn isun arsa | têtêmu lan komasaris ||
27. Garèng tur sêmbah umatur | punapa sampeyan lali | ing rêmbug wingi punika | dening têka mlêbèng loji | abêkuh rahadèn patya | têka mênyanga dèn aglis ||
28. pun Garèng tur sêmbah mundur | sigra-sigra lampahnèki | wus prapta pondhokanira | Kyai Tirtawigunèki | wus dhinawuhakên sigra | timbalane radèn patih ||
29. sigra Tirtawiguna wus | lumampah marang jro loji | lan komasaris wus panggya | tinêmbungakên tumuli | yèn radèn patih akarsa | pêpanggih lan komasaris ||
30. lêbih baik sauripun | kumêndur lan komasaris | pundi dutane rahadyan | nolih Tirtawigunèki | Garèng gya majêng mring ngarsa | alon mojar komasaris ||
31. iya matura gustimu | liwat sukane tyas mami | isun sangêt ngarsa-arsa | anuli isun aturi | Ki Garèng tur tabe mêsat | wau saking jroning loji ||
32. sigra-sigra lampahipun | Garèng ing Lampèr wus prapti | lajêng tumamèng ngayunan | ngandika radèn apatih | dene egal lakunira | Garèng matur awotsari ||
33. igih gusti tabenipun | kumêndur lan komasaris | panduka dèn arsa-arsa | yèn èstu têdhak mring loji | rahadèn patih siyaga | kang wadya wus dèn undhangi ||
34. sampun karsaning Yyang Luhur | rahadèn rêkyana [rêkya...]
--- [f. 705r] ---
[...na] patih | nglabuhi pikir dadakan | sanès lan karsaning nguni | lampahe tan mawi bala | mung wadya kang ngampil-ampil ||
35. mêdal saking pondhokipun | sagunging wadya prajurit | pan kinèn ngantun sadaya | tan kalilan kang umiring | wus prapta ing pangambêngan | komasaris sigra nuding ||
36. mêthuk ing rataning rèku | marang kapitan kêkalih | wus dangu nèng pangambêngan | panggih lan radèn apatih | sampun ingaturan migah | ing kreta dèn apit-apit ||
37. wau dènira aluguh | marang kapitan kêkalih | pinêcut pangiridira | kang reta nandêr tumuli | wadyane radèn apatya | awis ikang anututi ||
38. pating kacècèr kèh kantun | punang kareta wus prapti | nênggih pintu ikang wetan | wadyane radèn apatih | amung kantun panakawan | kang luma[...] nututi |[105]|
39. ginitik reta kang masuk | umiyat radèn apatih | alon dènira ngandika | marang kapitan kêkalih | punapi lampah manira | tan olih gawa wong cili ||
40. kapitan kalih turipun | punapa amasthi kêni | nanging kang reta ginêlak | wus praptèng ngarsaning loji | sigra ingaturan têdhak | lajêng tumamèng jro loji ||
41. nayaka katiga mêthuk | kumêndur lan komasaris | sawusira têtabean | binêkta mugèng ing kursi | gya sinêndhal dhuwungira | dragundêr samya mêrpêki ||
42. samya narik pêdhangipun | wanèh angancari bêdhil | anjukêl[106] radèn apatya | mugèng saluhuring kursi | anêrka pêdhang tumiba | marang ing aganing[107] rèki ||
43. pan rinasa dangu-dangu | pêdhang tan wontên nibani | jênggalèk[108] sarwi ngandika | mring kumêndur komasaris | punapi awak manira | tan kêni tur sayakti |[109]|
44. komasaris sauripun | sampun radèn botên kêni | pan kula punika darma | timbalane sri bupati | sayakti ajrih kawula | kang parentah sri bupati ||
45. gya pinêrnahakên wau | ing
--- [f. 705v] ---
gêdhong wus dèn parèsi | kang wadya wus ginusahan | kinèn mring pondhoking rèki | Tumênggung Tirtawiguna | mawur wadya amiyarsi ||
46. asowangan bubaripun | pakuwon wus dèn jarahi | Tumênggung Tirtawiguna | wus lumampah dutanèki | atur upaksi narendra | yèn radèn rêkyana patih ||
47. ing mangkya sampun kapikut | pinarèsi nèng jro loji | duta praptèng Kartasura | wus katur ing sri bupati | kalakung sukaning driya | sirna ta kalilipnèki ||
48. kunêng gêntya kang winuwus | sang adipati ing Pathi | lawan Radèn Martapura | sampun amiyarsa warti | yèn radèn patih wus kêna | pinikut anèng jro loji ||
49. lakung dènira angungun | samya jêtung tan kê[...] |[110] pugawa kalih sru mojar | supe rêmbug duk ing nguni | anyidrani ing ubaya | sagupe barêng ngêmasi ||
50. sagupe sumatyèng luhur | ing galêng sira kêkalih | ing ngisor galêng matia | mêngko têka anyidrani | Dipati Pathi lingira | kadya punapa ing pikir ||
51. dening kaputungan laku | kelangan dhêdhalang adi | angling Radèn Martapura | punapa kang dèn raosi | ingiras mênawa kêna | dhalang ngiras dadi rigit ||
52. sampun karsaning Yyang Luhur | tan kêna owah lan gisir | Rahadèn Natakusuma | kang dèn aras satriya adi |[111] amindha Wong Agung Menak | dèn alani malês bêcik ||
53. jamak mangke tan kalaku | ing karsa rahadèn patih | punapa kang winicara | tinutugakên pribadi | pitên banggi kalêrêsan | purwa lêlakon pribadi ||
54. anyêmpal lêlakènipun[112] | anambêli dhalang luwih | kêlire pan dèrèng rucat | gamêlan taksih rêrangin | dhalange sêlak karipan | têka lumêbu ing loji ||
55. Sapanjang Singsèh angrungu | lakung angungun tan sipi | ambanting teko patehan | kalih samya mêrbês mili | baya ta kurang pracaya | radèn patih marang kami ||
56. lêbura dèn kadi banyu | wong Cina [Ci...]
--- [f. 706r] ---
[...na] nora ngocati[113] | katon yèn agêng sihira | dhus gusti radèn apatih | tuwan anglabuhi lara | abdine ikang pêpulih ||
57. asupata kalihipun | kawula dika sêksèni | yèn ta bêdhah Kartasura | kèdêka dèn kadya siti | lêbura madyaning yuda | Dipati Pathi nimbangi ||
58. myang Radèn Martapurèku | kalih samya ambanting kris | rêmbag samya tur uninga | mring gusti Sang Prabu Kuning | yèn ikang eyang punika | kapikut malêbèng loji ||
59. ikang duta praptèng Gubug | katur ing Sang Prabu Kuning | kalakung pangungunira | ngrukêb asare salatri | Dipati Pathi ngandikan | lan Radèn Martapurèki ||
60. Singsèh Sapanjang tan kantun | abaris Toyana kêrig | budhal mring Gubug sadaya | ing marga datan kawarni | wus prapta Gubug sadaya | wau sagunging prajurit ||
61. lajêng marêk ing sang prabu | Dipati Pathi tur bakti | tuwin Radèn Martapura | umatur Dipati Pathi | gusti ing lampah punika | tinutugakên pribadi ||
62. eyang panduka pukulun | pan igih sampun pinasthi | bêbantêne tanah Jawa | panduka kantuna mukti | kawularsa agitika | mring Kartasura tumuli ||
63. mumpung Sêmawis pukulun | mangkya dawêg ulah pikir | sagunge prajurit Cina | sampun kawula tarosi | sumăngga ing rèh kawula | dèn ukurna yya tinari ||
167. Pangkur
[Adipati Pathi lan wadya Cina mengsah jurit lawan wadya Kartasura ing Salatiga.[114]]
1. sampun dènnya undhang-undhang | wau sira Sang Adipati Pathi | myang Radèn Martapurèku | miwah Singsèh Sapanjang | asandhiya tuwin Ngabèi Pibulung | pun Êtik lawan pun Macan | wus samêkta ing ajurit ||
2. miwah sagung pra dipatya | wus siga[115] arsa budhal sang aji |[116] sigra atêngara umyung | kang tinilar ing Dêmak | mantri wiking kalawan wong Cina satus | sêdya jog ing Salatiga | lampahe sri narapati ||
3. măngka [măng...]
--- [f. 706v] ---
[...ka] panganjuring yuda | pun Cik Macan lawan pun Êncik Êtik | tuwin Ngabèi Pibulung | dening prajurit Jawa | Kêrtawirya kalawan Ki Răngga Janur | lan Tumênggung Wirajaya | Martapura kang nindhihi ||
4. lawan pun Singsèh Sapanjang | Ki Dipati Santênan mugèng wuri | kang rumêksa ing sang prabu | gêgaman abra sinang | warna-warna ing marga datan winuwus | pangarsanira wus prapta | ing Salatiga abaris ||
5. samya angêlar jajahan | nêlukakên mring wong desa kanan kering |[117] kang băngga rinayah sampun | gègère apuyêngan | Singajaya Singapatra samya gupuh | atur uninga narendra | yèn musuh nèng Lèpèncacing ||
6. lampahe dadya satunggal | Martapura lawan Dipati Pathi | lan abêkta ratunipun | kêrig sagung wong Cina | sri narendra kambi animbali gupuh | Ki Tumênggung Mangkuyuda | lan Tumênggung Rajaniti ||
7. lawan Radèn Mangkupraja | praptèng ngarsa ngandika sri bupati | sira amapaga musuh | mêngko nèng Salatiga | Ki Tumênggung Rajaniti nêmbah matur | igih pukulun sandika | nglampahi karya nrêpati ||
8. tumuta lampah kawula | sri narendra ngandika iya bêcik | tinimbalan praptèng ngayun | sang nata angandika | Dipayuda milua amapag musuh | tur sêmbah matur sandika | Ki Wirajaya nambungi ||
9. saking wuri alon mojar | ing Têngaran jurang puniku adhi | mung punika dika rêbut | yya kongsi kasabrangan | pan puniku dadia bètènging batur | Rajaniti nulyèng wutat | nanging datan anauri ||
10. mêngkana yèn angucapa | majanani kakang Wirajayèki | wong atine nora jujur | dya punggawa katiga | sarêng nêmbah sakawan Dipayudèku | lèngsèr saking ngarsa nata | sapraptanira ing jawi ||
11. samêkta prajurit Cina | sigra budhal Tumênggung Rajaniti | lan Radèn Mangkuprajèku [Mangku...]
--- [f. 707r] ---
[...prajèku] | Tumênggung Makuyuda | ing Pamradèn Ngabèi Dipayudèku | ing marga tan winurcita | ing Têngahan[118] sampun prapti ||
12. kèndêl sadalu lampahnya | enjingipun majêng sawadya katri | amakuwon Kaligandhu | sampun ayun-ayunan | anèng Tikir pan mêngsah pacucukipun | wau ta sri naranata | yèn nglampahkên ta duta glis |[119]|
13. animbali Radèn Arya | Prigalaya duta ing Kampak prapti | kabèh tinimbalan mundur | dening wartaning mêngsah | miyos kilèn ing Salahtiga[120] akumpul | bubar Arya Prigalaya | lan Malayakusumèki ||
14. Tumênggung Mangunnêgara | Singaranu sutanya kang gumanti | tuwin Ki Wiragunèku | sunu ikang gumantya | lampahira nagri Surakarta[121] rawuh | linajêngakên sêksana | abantua ngilèn sami ||
15. lajêng Arya Prigalaya | lampahira prapta lèr Bayalali | dènira baris ing Ngambuh | kunêng dyan Martapura | têlikira saking Kartasura wau | prapta ngaturi uninga | yèn sagunging pra dipati ||
16. mangkya ngumbul[122] barisira | pan miyarsa myangkya[123] dadya satunggil | kang baris ing Kampak kêbut | sukaa alatah-latah |[124] sigra nuduh ing mantrira[125] sapuluh |[126] pinangagèn cara Cina | wangsula ngetan dèn aglis ||
17. anglèncèri anèng Kampak | nêlukêna desa ing kanan kering | iya dêdimone bingung | wadya ing Kartasura | dyan lumampah samya pinangagèn wulung | wau kang mantri sadasa | praptèng Kampak pacak baris ||
18. gègèr kang samya dèn bahak | sampun katur ing kanjêng sri bupati | yèn ing Kampak ana musuh | ya ta nimbali sigra | pan pinêthil wau kang baris ing Ngambuh | Radèn Malayakusuma | lawan Mangunnagara glis ||
19. kinèn baris ing Tênawas | sampun budhal wau pugawa kalih | gurewalan lampahipun |
--- [f. 707v] ---
wus prapta ing Tênawas | Radèn Martapura myarsa nampèl pupu | bingunge wong Kartasura | pugawa tan kobêr ngising ||
20. nulya wau pirêmbagan | Martapura lawan Dipati Pathi | kang abaris Kaligandhu | dawêg samya cinacak | yèn wus tugêl ing ngarsa kang anèng pukur | măngsa dadia abahan | Si Arya Prigalayèki ||
21. tate sata pêpêdhotan | Prigalaya ika satriya licik | amung jail warisipun | mirsaa yèn sun mangsah | Prigalaya pasthi migat mambu ilu | duk lumalya saking Bicak | binujung wong tugu pari ||
22. mêngko manèh yèn enjuha | sampun rêmbag sagung ikang prajurit | myang prajurit Cina sampun | samêkta ing ayuda | sigra budhal sira Ngabèi Pibulung | kalawan pun Êncik Macan | dadya panganjuring jurit ||
23. sira Radèn Martapura | kang nindhihi mugèng dhadhaning jurit | Sapanjang sawadyanipun | pangawat mugèng kanan | pun Kapitan Singsèh mugèng keringipun | kang abaris Lèpènbendha | sampun amiyarsa warti ||
24. yèn wong Cina nêdya mangsah | samya mêdal anata barisnèki | Ki Dipayuda amuwus | punika yèn sêmbada | kula pisah kang gitik saking ing lambung | yèn kula wus amor mêngsah | saking ngajêng dika gitik ||
25. Ki Tumênggung Mangkuyuda | lakung rêmbag nanging Ki Rajaniti | ing ayuda kêdah kumpul | lan Radèn Mangkupraja | kang pugawa sakawan pradongdi kayun | pangarsane musuh prapta | lajêng dènnya ambêdhili ||
26. wadyane Ki Mangkuyuda | samya panggah rame bêdhil-binêdhil | wong Cina angidak purun | tan mawi ringa-ringa | dhasar sampun tate dènnya angsal buru | nanging wadyèng Kêdhu samya | tan gumisir anadhahi ||
27. wong Cina saya gung prapta | lajêng mangsah ngamuk lan pêdhang abir | wadyèng Mataram sayanduk | rame têmpuhing yuda | long-linongan [long-...]
--- [f. 708r] ---
[...linongan] rewang musuh kathah lampus | purun kang prajurit Cina | tan nêdya mundur ing jurit ||
168. Durma
[Wadya Kartasura kasoran jurit mengsah wadya Cina.[127]]
1. Dyan Pibulung miyat lamun wadya Cina | èsmu repot ing jurit | mingêr barisira | satus ikang binêkta | anglambung saking ing kering | wadyèng Mataram | ikang tinunjang wani ||
2. samya gulung pangamukira wong Cina | Pibulung kang nindhihi | wau kang tinunjang | kuwur wadyèng Mataram | Mantri Bumija nulungi | maksa dèn idak | rusak tataning baris ||
3. kumarubut tandange prajurit Cina | Tumênggung Rajaniti | kokal barisira | Tumênggung Makuyuda | lan Dipayuda nulungi | kang tri pugawa | samya ngawaki jurit ||
4. riwut ing prang Mangkuyuda Dipayuda | kalihe mobat-mabit | kang prajurit Cina | ing wuri kathah prapta | Ki Tumênggung Rajaniti | dhadhal lumalya | mawur sawadyanèki ||
5. sigra mingêr Pibulung sawadyanira | Mangkuyuda ginitik | lawan Dipayuda | ramya ulêng-ulêngan | wong Kêdhu pêngkuh ing jurit | miwah kang wadya | Pamradèn tan gumisir ||
6. pun Êtik lawan pun Macan nglambung ayuda |[128] mêdal saking ing kering | pan wus kathah pêjah | wong Mradèn wong Bumija | Tumênggung Makupraja ngling | dawêg lumalya | kakang Makuyudèki ||
7. lawan paman Dipayuda dipun egal | si paman Rajaniti | apan sampun têbah | Tumênggung Makuyuda | maksih nêngahi ing jurit | lan Dipayuda | liwung dènira jurit ||
8. kathah pêjah wong Cina ikang katrajang | Radèn Makuprajèki | asru angandika | hèh wong Mantri Bumija | padha cêkêlana aglis | jarane kakang | lan man Dipayudèki ||
9. kêndhaline gèndèngên mangidul egal | gitikên saking wuri | sigra wadyanira | samya anyandhak kuda | ingingêrakên ing wuri | wus gitikan |[129] turangganira nolih ||
10. nulya mundur
--- [f. 708v] ---
lolonan Ki Dipayuda | lawan Mangkuyudèki | kang prajurit Cina | samya bêbujung mêngsah | nanging tan purun mêrpêki | saking kadohan | pan sarwi ambêdhili ||
11. kèndêl kidul ing jurang Têngêran[130] samya | Kyai Makuyudèki | lawan Dipayuda | prasamya nata bala | mung Tumênggung Rajaniti | maksih lumalya | ing Ngambuh sampun prapti ||
12. ngusi barisira Arya Prigalaya | lawan Mangkuprajèki | wadya kang umiyat | samya angrês ing manah | takèn-tinakenan sami | kang saking ngarsa | takèn solahing nagri ||
13. winartanan yèn nêgari apuyêngan | samya ngling ing driyèki | anak rabinira | kang ketang jroning nala | akathah bonglos[131] ing latri | kang saking ngarsa | tutur kasorannèki ||
14. kang wong Cina pangamuke ing ayuda | samya ngênês ing galih | dalu kathah migat | wau kang wadya Cina | sami wangsul ngalèr malih | ing Lèpènbendha | pakuwon dèn êbroki ||
15. parêmbagan sira Radèn Martapura | lawan Dipati Pathi | myang Singsèh Sapanjang | alon dènira ngucap | tuwan radèn kadipundi | karsa andika | masalahing ajurit ||
16. pikiripun radèn wong Cina sadaya | yya tanggung ing ajurit |[132] kêsêla wasisan | adunên gêcêk kitha | Rahadèn Martapura ngling | dipun sêrănta | yya gugup ing ajurit ||
17. dimon ngrasakakên wadya Kartasura | larane awaknèki | yèn ugi pinêlak | pan wus adat wong Jawa | yèn kabutuh ambêk pati | abot sinăngga | kang kawus wani maning ||
18. yèn ngoberan[133] pasthi giris ing pawarta | nadyan kang maksih wani | atine wus gêmpal | tan kêna dèn adua | adat wong Pajang Matawis | arang kèlingan | marang karosannèki ||
19. dadya kèndêl sagunge prajurit Cina | anut ing rèhing rèki | Radèn Martapura | ya ta kang kawuwusa | Ki
--- [f. 709r] ---
Tumênggung Rajaniti | atur uninga | marang ing sri bupati ||
20. yèn kasoran ing yuda marang wong Cina | mangkya gènira baris | anèng Lèpènbendha | abdi panduka risak | para mantri kyèh ngêmasi | sri naranata | kagyat sira nimbali ||
21. marang ikang santana kinèn bantua | Pangeran Angabèi | Pangran Buminata | Pangran Dipanagara | lan Pangeran Singasari | Pangeran Răngga | Pangeran Mangkubumi ||
22. Pangran Arya Pamot Pangran Prangwadana | Pangran Arya Matawis | Pangeran Panular | Pangeran Danupaya | Pangeran Silarong nênggih | wusnya samêkta | budhal saking nêgari ||
23. baris anèng sakilèning Toyadana | saha wadyakusya tri | Martapura myarsa | yèn sagunging santana | mêdal saking ing nagari | bantu ayuda | suka dènnya miyarsi ||
24. pirêmbagan lawan Dipati Santênan | paran ta ki dipati | wadyèng Surakarta | tan ana dadi karya | tuwin kang para dipati | tan darbe manah | sasat sawung kabiri ||
25. mung kang baris sakidul jurang Tangaran[134] | Ki Makuyuda taksih | wani rada-rada | ing wonge akèh migat | mêngko sun tojoke[135] tulis | sigra nênurat | Radèn Martapurèki ||
26. sawusira dadya anglampahkên duta | sakidul jurang prapti | lajêng dutanira | tumamèng ing ngayunan | kang sêrat wus dèn tampani | sinukmèng driya | bêbukane kang tulis ||
27. sasampuning katur salam kula kakang | wiyose tur upêksi | yèn ing lampah kula | watên kang kula êmban | sêdya nagih gênti waris | marma pun kakang | sampun asalah kardi ||
28. pan andika wong cili kadya kawula | dipun emut ing nguning[136] | lêluhur andika | marma ran Mangkuyuda | sapa sitên kang akardi | igih kang êmbah | gusti kula puniki ||
29. yèn andika nêdya
--- [f. 709v] ---
labuh matyèng karya | kula botên mikani | nanging abarisa | wurine Prigalaya | sêdhêng bobote wong ngabdi | nadyan matia | kondhang santana aji ||
30. yèn tan purun mundur maksa ananggulang | nanging dèn panggah ugi | ayya ngadu bala | payo padha prawira | rupaa buta sakêthi | wong Kartasura | tan wande sun kêmbari ||
31. duk miyarsa Ki Tumênggung Makuyuda | gêmpal manahing rèki | ya ta enjingira | Rahadèn Martapura | Cina satus kang tinuding | têtindhihira | Pibulung lan Ki Êtik ||
32. arsa gitik mring barise Mangkuyuda | munya kêkênthung bèri | budhal saha surak | Tumênggung Makuyuda | sampun ingaturan uning | yèn wadya Cina | punikarsa dhatêngi ||
33. asiyaga Ki Tumênggung Makuyuda | nanging êlom kang galih | wus bubar lolonan | angusi barisira | Rahadèn Prigalayèki | prajurit Cina | Tangaran dèn anciki ||
34. nanging datan purun anglud angungsira | dèrèng dèn parentahi | lamun angusira | ing Radèn Martapura | miwah Adipati Pathi | marmanya kewran | kèndêl sakidul kali ||
35. Radèn Arya Prigalaya tur uninga | ing Pangran Angabèi | lamun ikang mêngsah | ngancik ing Kajêngtiga | pangarsane Ngampèl prapti | kagila-gila | ambahak amboyongi ||
36. jêng panduka lah agèr dipun prayitna | badhe kawula usi | nadyan rêrêmpona | anunggila sampeyan | kagyat Pangeran Ngabèi | wus tinimbalan | wau kang rayi-rayi ||
37. praptèng ngarsanira sadaya ngandika | Pangeran Angabèi | kabèh yayi emas | paran budine samya | prakara ênggoning baris | pêtêng ing ngarsa | têka padhang ing wuri ||
38. apan nora pakolèh muguh wong aprang | bêcik kang pêtêng wuri | kang padhang ing
--- [f. 710r] ---
ngarsa | puniku yèn sêmbada | kalawan si adhi-adhi | angalih papan | ing Ngasêm iku bêcik ||
39. dening pêtêng ing wuri padhang ing ngarsa | Pangeran Mangkubumi | alon aturira | kawula batên rêmbag | dening sompoking nagari | lamun sêmbada | lêhêng ngilèna ugi ||
40. sakilène ing Têras punika wiyar | igih pêtêng ing wuri | apadhang ing ngarsa | kang raka sru ngandika | nora bêcik iku adhi | ing kering kanan | babah jêmbar tur radin ||
41. dadya musuh pakolèh yèn ngingêrana | dhèwèk dadi kasupit | bêcik Ngasêm uga | nadyan si bêbitinga | wasisan gèn ingêbruki | kang rayi samya | datan suwalèng kapti ||
42. nulya budhal barise kang pra sêntana | marang Ngasêm bêbiting | ikang kawarnaa | sirarya Prigalaya | sampun amiyarsa warti | prajurit Cina | yèn arsa angigahi ||
43. nuhun bantu apan sampun pinaringan | Sragêni jo sapalih | lan wong Jagabaya | lawan wong Nyakragnyana | lampahira sampun prapti | pakuwonira | Arya Prigalayèki ||
44. kawarnaa wau Radèn Martapura | lawan Dipati Pathi | sampun amiyarsa | yèn sagung pra santana | samya alit galihnèki | akêplok tangan | suka angêntrog wêntis ||
45. pangraose tan wontên kawatirira | Cina wus dèn undhangi | kinèn agitika | barise Prigalaya | Pibulung angirid baris | kalih pun Macan | katri pun Mudha Êtik ||
46. sigra-sigra lampahe prajurit Cina | ing Kênthèng sampun prapti | samya surak-surak | kênthung bèri munya srang[137] | kang baris Ngambuh miyarsi | gègèr puyêngan | mawur malêdug ngisis ||
47. bubar larut pugawa ing Kartasura | Arya Prigalayèki | wus dangu lumajar | lawan sawadyanira [sawa...]
--- [f. 710v] ---
[...dyanira] | ing Maossanga wus prapti | kèndêl sadaya | sagunge pra dipati ||
48. kang prajurit Cina kèndêl sapunika | Ngambuh kang dèn anciki | samya tur uninga | ing Radèn Martapura | tuwin Adipati Pathi | lawan Sapanjang | yèn Prigalaya ngisis ||
49. parêmbagan sira Radèn Martapura | lawan Dipati Pathi | angling ing Sapanjang | kayapa budinira | Sapanjang asru dènnya ngling | isun pan darma | ing rèh wong agung kalih ||
50. dhingin mula isun nora duwe polah | rina wêngi pan wani | sanadyan kêsêla | yèn isun banjurêna | dadi sukane kang ati | balik yèn lawas | ana ing kene iki ||
51. apan mundhak dadi susahe kang manah | nadyan matia urip | nuli karuhana | adunên gêcêk kutha | wus dadya rêmbaging rèki | sigra tangara | bêndhe sagunging baris ||
52. pun Kapitan Sapanjang kang mugèng ngarsa | wuri wadya pasisir | Radèn Martapura | wau kang ngirid lampah | sira Sang Dipati Pathi | mugèng ing wutat | rumêksa ing nrêpati ||
53. saha mugangira pan umyang tinêmbang | ngarsa kêkênthung bèri | ramya surak-surak | gêgaman warna-warna | tinon kadya wukir gêni | pan ratunira | kinubêng ing prajurit ||
54. yèn dinulu lampahe kang wadya Cina | lir ombaking jaladri | gêbyaring sanjata | talèrèp abir pêdhang | kênthung bèri pan tinitir | asurak-surak | lir udan sinêmèni ||
55. pan pinalih lampahe kang wadya Cina | kang sapindhahe nênggih | pan kinon anjoga | pasowan kidul nulya | sigra atata lumaris | ikang sapindhah | margi gêng kang dèn jogi ||
56. saking êlor arsa anjog Pagêlaran | Susunan mugèng wiking | Mangunonêng ika | kalawan Ki Sapanjang | dadya têtindhih ngajurit | prajurit Cina | lakung gambirèng wèsthi ||
57. pan samarga-marga tansah
--- [f. 711r] ---
gêgamêlan | kênthung gong bèri anjrit | sarta surak-surak | lir kang prawata bêntar | prajurit Cina ngajrihi | mangsah ing rana | kotbuta trusthèng wèsthi ||
58. kawarnaa bupati ing Kartasura | nèng Bayalali baris | Radèn Makupraja | Tumênggung Makuyuda | kalawan Ki Rajaniti | sawadyanira | arsa mapag ing jurit ||
59. wus tinata kang wadya rakit sanjata | wadya Cina glis prapti | anyêrod kewala | galong pipis tikahnya | tan kandhêg dipun bêdhili | prajurit Cina | wong Surakarta ngisis ||
60. Mangkuyuda Mangkupraja wus lumajar | Rajaniti agêndring | samya kuthetheran | mawut kang wadyabala | mangilèn Kêdhu dèn jogi | Ki Makuyuda | Makupraja anunggil ||
61. wadya Cina gambira lakung kotbuta | Pibulung anindhihi | sarta giyak-giyak | tan kandhêg anyênjata | wong Kartasura angisis | kuwur lumajar | samya arêbut dhingin ||
62. wadya Cina lakung suka ing tyasira | musuhira wus gusis | malêdug sasaran | ginêlak lampahira | Ki Dipayuda nadhahi | sawadyanira | kiwul tan mangga pulih ||
63. anèng Maossonga pan aprang sakêdhap | wong Cina ngamuk wani | Pibulung kotbuta | Dipayuda lumalya | nanging maksih miring-miring | kèndêl ing Têras | wontên bêbantu prapti ||
64. wong Nirbaya kalawan wong Jagabaya | tuwin wadya Sragêni | myang têtindhihira | lêlurah Jagabaya | Puspakusuma namèki | sêdhêng sudira | dhasar trah Surawèsthi ||
65. sutanira Ki Arya Jayapuspita | ing Toyadana prapti | kapêthuk dènira | wadya ikang lumalya | myang Arya Prigalayèki | Puspakusuma | asru dènira angling ||
66. kadipundi rahadèn karsa andika | kula kinèn bantoni | angling Radèn Arya | iya sira banjura | isun antèni sirèki | Puspakusuma | lajêng sawadyanèki ||
67. praptèng [pra...]
--- [f. 711v] ---
[...ptèng] Têras kang musuh Cina katingal | lajêng têmpuh ing jurit | sira Dipayuda | amor ing wurinira | nanging wongira wus kêdhik | Puspakusuma | gambira mangsah ngukih ||
68. samya kèndêl wau kang prajurit Cina | tinata barisnèki | bêdhil kalataka | kang sami mugèng ngarsa | tinambêm ing pundhak sami | prajurit Cina | sarêng dènnya bêdhili ||
69. wadya Nirbaya kalawan wong Jagabaya |[138] miwah wadya Sragêni | kuwur tatanira | angusi ing wurinya | Puspakusuma nadhahi | sawadyanira | sura panggah ing jurit ||
70. amung kalih wêlas samya nitih kuda | sadaya ngrangkêp lêngmbing[139] | wong Cina nrêrajang | siniwo[140] kering kanan | apan samya dèn tawoki | sing luhur kuda | gangsal ikang ngêmasi ||
71. kèndêl mênggah wau kang prajurit Cina | samya ngantos ing wuri | wadya Kartasura | Nirbaya Jagabaya | Saragêni myang pra mantri | malêdug samya | lumayu rêbut dhingin ||
72. pangraose Puspakusuma wus pêjah | dening binendrong bêdhil | mila asasaran | wadya ing Kartasura | Rahadèn Prigalayèki | nèng Toyadana | miyarsa sênjata tri ||
73. wadya Cina surak-surak pan gumêrah | akandhêg gèn lumaris | ya ta Prigalaya | kang baris Toyadana | wus prayitna nata baris | waos sênjata | wadya Cina glis prapti ||
74. Radèn Arya Prigalaya ikang wadya | nulya atêmpuh jurit | wong Cina kotbuta | samarga surak-surak | syarane gumuruh atri | pan sinênjata | tan kandhêg gèn lumaris ||
75. wadya Kartasura awiwrin umiyat | otêr wong sanagari | Radyan Prigalaya | lumajar saha bala | Cina tan kandhêg bêdhili | samya gambira | kênthung samya tinitir ||
76. Radèn Prigalaya sabala lumalya | kudane dèn camêthi | wus gusir[141] sasaran | lumayu salang tunjang | sumêdya sami angusi | para sêntana | ing Ngasêm nulya [nu...]
--- [f. 712r] ---
[...lya] prapti ||
77. sami gugup pra santana sabalanya | rakit jawining biting | kang prajurit Cina | lumalya sêsandêran | pan ginêlak saking wuri | Kapitan Panjang | Mangunonêng nindhihi ||
78. ikang mêdal êlèr tan kandhêg lampahnya | ing Ngasêm sampun prapti | kapêthuk sêntana | lajêng campuh kang yuda | gong bèri kênthung tinitir | surak wurahan | tan kandhêg ambendrongi ||
79. pan wong Cina nangsah mangamuk kotbuta | samya bêdhil-binêdhil | pan sampun dilalah | wadya ing Kartasura | sadaya prasamya wiwrin | para santana | kalulun samya ngisis ||
80. palajênge tan etang ing gustinira | samya arêbut dhingin | gumêrah wurahan | lumayu salang tunjang | gong bèri tinitir-titir | asurak-surak | sarta ngabong-abongi ||
81. kang abaris ing Ngasêm pan sampun sirna | Pangeran Angabèi | lan para arinya | lumalya sowang-sowang | tan kongsi matur sang aji | Puspakusuma | wau dènira jurit ||
82. pan kawratan mêngsah wong Cina kèh prapta | Pibulung angawaki | myang Kapitan Panjang | samya nragakên wadya | wong Cina angidak wani | Puspakusuma | mundur pan miring-miring ||
83. sarwi nguwuh-uwuh wadyèng Kartasura | bantonana sun iki | wong sèkêt kewala | suraka wuriniwang | sun balèkne Cina iki | mring Salatiga | yèn nora kongsi bali ||
84. dudu isun anake Jayapuspita | dudu trah Surawèsthi | wadya kang miyarsa | samya nolih kewala | tan ana kang purun bali | Puspakusuma | kaku tyasira nangis ||
85. yèn pinêlak ing Cina Puspakusuma | mandhêg sawadyanèki | arsa angamuka | wadya wong Cina taha | binêdhilan saking têbih | pan sinurakan | kadya angiring-iring ||
86. sarwi ngabong-abongi prajurit Cina | dhusun saurut margi | praptèng Toyadana | wau kang kawuwusa | sri narendra nèng jro puri |
--- [f. 712v] ---
wus asiyaga | arsa ngawaki jurit ||
87. anèng palataran wau mugèng ing dhêdhampar |[142] kang anèng Păncaniti | wong Gêdhong Kaparak | dening kang anèng pura | kang têngga sri narapati | kantun kang wadya | Namèngyuda lan malih ||
88. wong Panandhon Gamêl lawan Suranata | karaton agêng alit | lan wong Sawojajar | miwah wong Banjarandhap | wadyèng Kadipatèn sami | ngayap gustinya | Jêng Pangran Adipati ||
89. animbali Ki Tumênggung Wirarêja | praptèng ngarsa nrêpati | asru angandika | hèh bapa Wirarêja | kapriye wartaning jawi | bocah kang sun kon |[143] mapag ing musuh sami ||
90. atur sêmbah Ki Tumênggung Wirarêja | tan wontên tur upêksi | abdi sri narendra | sagung ikang pugawa | kang samya mêthuk ing jurit | nanging têtiyang | saking kilèn agili ||
91. samya pating balêbêr tunjang-tinunjang | gusti yèn winatawis | mêngsah sampun cêlak | ngandika sri narendra | bapa sun arsa ngawaki | mundhut ampilan | Kyai Palèrèd aglis ||
92. mugèng asta têdhak saking ing dhêdhampar | sarwi ngandika aris | bapa nora nana | wêkasane yèn nora | wong Kapêdhak sun tindhihi | sun adu dhawak | payo ngong mêthuk jurit ||
93. sangpraptane[144] sang nata lan ikang wadya | anèng ing Srimênganti | pinêthukkên sigra | marang Ki Wirajaya | dhuh gusti karsa mring pundi | asru ngandika | sun arsa mêtu jurit ||
94. anindhihi mring bocah Gêdhong Kaparak | isun adu pribadi | alon aturira | Tumênggung Wirajaya | gusti kawula aturi | sampun panduka | miyos saking jro puri ||
95. dene ikang ngabên wong Gêdhong Kaparak | igih kawula gusti | lan abdi panduka | gih pun Surawiguna |
--- [f. 713r] ---
kang kula suwun nindhihi | igih pun bapa | Wirarêja ta gusti ||
96. kadi botên atilar abdi panduka | ing gusti sri bupati | kèndêl sri narendra | miyarsa aturira | Tumênggung Wirajayèki | dadya ngandika | payo bapa dèn aglis ||
97. nindhihana Si Tumênggung Wirajaya | tur sêmbah nulya mijil | kêkalih pugawa | mantri Ka[145] Wirarêja |[146] sapraptanira ing jawi | ing galedhegan | kilèn dènnya miranti ||
98. wadya Gêdhong Kaparak mawut tinunjang | ikang kapalya saking | kilèn asasaran | Tumênggung Wirajaya | lawan Surawigunèki | kesah mangetan | Ki Wirarêja angling ||
99. dhatêng pundi dika kakang Wirajaya | anak Suragunèki | ya ta saurira | arsa ngayumi kănca | sarwi lumalya anolih | apundirangan | wadya lit sampun gusis ||
100. sigra wau Ki Tumênggung Wirarêja | malêbèng ing pura glis | praptèng palataran | tan kongsi atur sêmbah | gugup andangu sang aji | kapriye bapa | gènira mapag jurit ||
101. aturira Ki Tumênggung Wirarêja | tiyang kaparat gusti | pan pun Wirajaya | sapraptanirèng jaba | lumajêng ngetan agêndring | kawula undang | gusti botên anolih ||
102. dening mêngsah gusti wus têkèng Kêmlayan | samya ngabong-abongi | angungun sang nata | asru dènnya ngandika | bapa wis karsaning Widi | kapriye bapa | karêpmu isun tari ||
103. atur sêmbah Ki Tumênggung Wirarêja | matur saha wot tangis | tan adarbe reka | gusti sumanggèng karsa | yèn panduka mapag jurit | kula wontêna | ngajêngan panduka ji ||
104. yèn panduka amuwêr kawula têngga | yèn lalos kula iring | nanging yèn panduka | gusti tilara [tilar...]
--- [f. 713v] ---
[...a] pura | suwawi dhatêng Mêtawis | pêjah gêsanga | acêlak ing Magiri ||
105. Dyan Kapitan Undur matur ing sang nata | pan sarya abêbisik | yèn tiwas ing lampah | gusti luhung ngetana | mlêbèng loji Surawèsthi | anjog Sêmarang | apadangdanan jurit ||
106. benjing gusti pinukul saking Sêmarang | nênggih bala Sêmawis | kasaru miyarsa | mêngsah asurak-surak | gong bèri tinitir-titir | saurut marga | ambêsmi ambêdhili ||
107. sirna larut punggawa ing Kartasura | wadya samya angili | pan samya lumajar | lir gabah ingintêran | gumuruh syaraning tangis | sampun dilalah | pan takdiring Yyang Widi ||
108. pamalêse Yyang Sukma praptèng wong Jawa | Cina kinarya margi | santana pugawa | tan amăngga puliha | wadyabala samya ngisis | wong Kartasura | prasamya brăngta kikin ||
169. Asmaradana
[Kraton Kartasura kabedhah dening wadya Cina. Naréndra Kartasura lolos saking kraton, punika dumadya tamat.[147]]
1. ya ta sêmana sang aji | sarêng kawon kang sêntana | pan arsa lalos sang katong | Kapitan Undur agancang | umatur mring sang nata | patikbra dawêg lumayu | bala dika sampun têlas ||
2. sitên ingabêna malih | mantri bupati santana | pan sampun lumayu kabèh | tan wontên maga[148] puliha | sampun larut sadaya | sang nata ngandika gupuh | dhumatêng Ki Wirarêja ||
3. lawang lor inêbên aglis | sira kuncia dèn egal | sigra inginêban age | sang nata gugup ngandika | nulya nitih turăngga | waos pinaringkên gupuh | dhatêng wadya Suranata ||
4. ya ta ibune sang aji | lawan ikang para garwa | wus nitih turăngga karo | nanging Pangeran Dipatya | ginendhong mugèng ngarsa | Kapitan Undur tan kantun | wadya Kumpêni sawêlas ||
5. datansah
--- [f. 714r] ---
lawan narpati | wus budhal sri naranata | kuwur wadya jro kadhaton | syaraning tangis gumêrah | agêng alit wurahan | syarane lir gunung rubuh | magung sêlir myang parêkan ||
6. pyuh arêm[149] tyasirèng aji | lir ginubah jro wardaya | Pangran Dipati ginendhong | mugèng ngarsane kang rama | pasowan kidul prapta | dyantara Cina kang rawuh | katêranggul galedhegan ||
7. mêsah Cina samya prapti | lajêng ambendrong sanjata | wontên wadya Kadipatèn | awasta pun Sutayuda | punika kang pralaya | wadya Cina kathah rawuh | anginêbi galedhegan ||
8. kapêthuk sri narapati | dening dêdamêling Cina | nulya anggepak sang katong | sarya kinrutug sanjata | sang nata mring wong Cina | anggepak ngetan sang prabu | pinêlak dening wong Cina ||
9. gègère wong jroning puri | alyir gabah ingintêran | salang tunjang ing wadya kèh | ikang ngindak-ingidakan[150] | tindhih-tinindhih samya | kuwur supe gustinipun | lir kiyamat jro kadhatyan ||
10. ginèndèng sri narapati | dhatêng Kapitan Undurnya | ing Sêdhahrama pêrnahe | sang nata ambêdhah bata | binujung mring wong Cina | ibu garwa samya kantun | mila kacandhak ing Cina ||
11. prapta banon rêbah aglis | turăngga pun Endracapa | nêracag nulya kalorod | ginitikan saking wutat | andhepok tan kawawa | Kapitan Undur agupuh | sang nata aglis cinandhak ||
12. turăngga tinilar |[151] sang nata pan sampun prapta | wontên sajawining banon |
--- [f. 714v] ---
Kapitan Undur tan têbah | lan Kumpêni sadasa | wadya jawi kang tut pukur | dhumatêng sri naranata ||
13. kêmbar kalih atut wiking | awasta pun Băngsapatra | pun Băngsataka sisihe | lan panakawan têtiga | pun Jimus lan pun Bêsar | pun Jaya katiganipun | datan pisah lan sang nata ||
14. Ki Wirarêja kapanggih | kalawan sri naranata | ing margi agêng ênggone | Ki Wirarêja sêmana | pinundhut kapalira | tinitihan ing sang prabu | Ki Wirarêja tur sêmbah ||
15. nulya lajêng atut wuri | Ki Tumênggung Wirarêja | wong patang puluh rencange | Ki Tumênggung Wirarêja | êmbane sri narendra | rumiyin kalane timur | lajêng lampahe sang nata ||
16. wadya Cina kathah prapti | samya lumêbêt ing pura | umiyat ngetan wadya kèh | samya ambujung mangetan | sarya bendrong sênjata | Pangran Dipati kang kantun | kinarutug ing sanjata ||
17. sêmana Pangran Dipati | kenging sinênjata Cina | iringing jăngga ngigile | rema kontal datan pasah | ngraos sakit karuna | arsa tinibakkên gupuh | mring wadya kang gendhong sayah ||
18. nulya Pangran Adipati | sêmana narik curiga | nênggih Ki Bruwang wastane | wadya kang gendhong wus sayah | binujung marang Cina | wus prapti jawi kadhatun | wadya Cina mlêbèng pura ||
19. sarêng bêdhah kang nagari | ing Kartasura sêmana | sang nata ngetan jêkare | ing Saptu Wage raina | lisir kilèn wayahnya [wayah...]
--- [f. 715r] ---
[...nya] | pitu likur tanggalipun | Rabiyulakir sasinya ||
20. Madhasiya anarêngi | katiga ing mangsanira | nuju ing taun Alipe | pinardika lawan căndra | sêmana sinêngkalan | punika sangkalanipun | pandhita wong rasaning rat |[152]|
[Pemut wiwit jumenengipun kyai Ageng Mataram ngantos dumugi kanjeng sunan Kuning.[153]]
Pemut punika panjênênganipun Kanjêng Kyai Agêng Matawis, lamènipun tigang taun, anuntên seda. Kala panjênênganipun Panêmbahan Senapati laminipun wolung taun. Kala panjênênganipun Panêmbahan Seda Krapyak, laminipun kalih wêlas taun. Kala panjênênganipun Kajêng Sultan Mataram, laminipun pitulas taun, nuntên seda. Kagêntosan Kajêng Susunan Têgilarum laminipun tiga likur taun, nuntên seda. Kagêntosan Kanjêng Sunan Mêngkurat, laminipun wolu likur taun, nuntên seda. Kagêntosan Kanjêng Sunan Mêngkurat Mas, laminipun tigang taun nuntên seda. Kagêntosan Kanjêng Sunan Mangkubuwana laminipun gangsal wêlas taun nuntên seda. Kagêntosan Kanjêng Sunan Prabu laminipun pitung taun nuntên seda. Kagêntosan Kanjêng Sunan sumare Lawiyan laminipun wolu likur taun nuntên seda. Kanjêng Sunan Kuning sumêla panjênênganipun amung nêm sasi, nuntên lalos dhumatêng nagri Selong, punika dumadya tamat, tinambangan[154] pamiyos.
--- [f. 715v] ---
170. Mijil
[Titi tamatipun nyerat babadi[155] karaton wiji Mataram nalika dinten Sukra Wage, wuku Sinta, taun Ebe, tanggal 25 Rabiulakir 1704 A.J. Kaserat dening radèn tumenggung Jayèngrat.[156]]
1. tatkalanira tamat tinulis | nênggah[157] wayah lahor | anuju dina Sukra Wagene | wuku Sita[158] tagal[159] Rabiyulakir |[160] gangsal likur sigih | măngsa kasapuluh ||
2. taun Êbe angkane winulis[161] | sêngkalanira non | catur musna pandhita jagade |[162] dipun sami ngeka dasèng kawi | dèn ngartikèng ati | wong samyarsa ngrungu ||
3. ikang ayasa surat puniki | babading karaton | wiji Mataram kamantu ngrajèng | Jayèngrat silihira wêwangi | trahirèng bupati | nama Dyan Tumênggung ||
4. lakung kasêngsêm dhatêng ing ngèlmi | dyan tumênggung kaot |
--- [f. 716r] ---
brangti èlmu ing lair batine | têtêp ing sambayangirèng nguni | saprandene maksih | ya ulah ing catur ||
5. pawartine ikang dhingin-dhingin | sami dipun raos | nabi wali dhumatêng mukmine | pawartanira winuri-wuri | sangêtirèng brangti | rahadyan tumênggung ||
6. mila ayasa babade dhingin | ênggènira anon | bangsa catur purwa ing dhingine | winuri-wuri dalah ing mangkin | kinarya palilih | gèn kasmarèng kawruh ||
7. datan pêgat dènira ngabêkti | brangti ngèlmu kaot | sabar lila dunya klakohane | asih maring ing wong pêkir maskin | sêtya lêgawèng pati |[163] ing têtêkonipun ||
1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.379. (kembali) |
2 | Bandingkan: mring ênggon Johan Mantèli (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.10.1). (kembali) |
3 | nglilani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.26.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.21.1). (kembali) |
4 | parentahane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.380, Pupuh 162.22.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.27.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.22.3). (kembali) |
5 | Bandingkan: mirit (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.26.2). (kembali) |
6 | angyêktènana (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.27.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.32.2). (kembali) |
7 | apitaya (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.36.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.31.5). (kembali) |
8 | sêsingkabira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.43.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.39.1). (kembali) |
9 | Bandingkan: prakara (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.54.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.50.1). (kembali) |
10 | mukul (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.54.6). Bandingkan: nêmpuh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.58.6). (kembali) |
11 | pabitingan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.383, Pupuh 162.55.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.59.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.55.2). (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tiwase rama paduka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.59.4); tiwase rama andika (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.55.4). (kembali) |
13 | praptèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.62.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.58.6). Bandingkan: prapta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.383, Pupuh 162.58.6). (kembali) |
14 | Biasanya guru lagu i. Bandingkan: amaringi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.384, Pupuh 162.63.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.67.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.63.1). (kembali) |
15 | Minggu (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.384, Pupuh 162.64.6; Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 23.66.6). (kembali) |
16 | Bandingkan: gêgêcaka (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.385, Pupuh 162.78.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.82.1). (kembali) |
17 | Bandingkan: lumakua (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.385, Pupuh 162.81.5). (kembali) |
18 | Lebih satu suku kara. Bandingkan: yèn wong Jawarsa gêcak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.93.5). (kembali) |
19 | kêkodhol (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.95.1). Bandingkan: kakodhol (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.91.1). (kembali) |
20 | kèndêl (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.386, Pupuh 162.94.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 200.98.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 12.94.6). (kembali) |
21 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.388. (kembali) |
22 | lan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.389, Pupuh 163.11.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.11.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.11.5). (kembali) |
23 | akèngkèn (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.390, Pupuh 163.27.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.27.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.27.2). (kembali) |
24 | singkrihake (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.391, Pupuh 163.31.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.31.3). Bandingkan: singkirake (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.31.3). (kembali) |
25 | bêcik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.391, Pupuh 163.32.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.32.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.32.5). (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: saolèh-olèh ambila wani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.33.1); saolèh-olèhe ambelani (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.33.1). (kembali) |
27 | mupung (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.36.9; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.36.9). (kembali) |
28 | rambat (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.38.10; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.38.10). (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Radèn Grêndi siyaga (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.39.6); Radèn Grêndi sayaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.39.6). (kembali) |
30 | Martapurèki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.393, Pupuh 163.48.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.48.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.48.1). (kembali) |
31 | Bandingkan: iya Martapura maring si kakang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.393, Pupuh 163.50.2). (kembali) |
32 | pitungkasipun (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.51.1). Bandingkan: pitungkas (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.51.1). (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: inggih pitungkasipun sang ari (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.51.1); inggih ingkang pitungkas sang ari (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.51.1). (kembali) |
34 | kang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.54.7). (kembali) |
35 | kaculikèng kalbu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.393, Pupuh 163.54.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.54.7); kang culikèng kalbu (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 24.55.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.54.7). (kembali) |
36 | Sujanapura (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.56.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.56.2). (kembali) |
37 | adêgirèng (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.394, Pupuh 163.57.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.57.7). Bandingkan: ingadêg ing (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.57.7). (kembali) |
38 | amêtis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.62.1). (kembali) |
39 | wadya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.394, Pupuh 163.64.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.64.9; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.64.9). (kembali) |
40 | Dipati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 3.394, Pupuh 163.65.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.65.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.65.5). (kembali) |
41 | bahak. Bandingkan: bahaki (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.74.9). (kembali) |
42 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: antara ing tigang dina (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.82.8). (kembali) |
43 | pasanggrahanira (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.83.2). (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan ing gubug pasanggrahanira (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.83.2). (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: srêrat tinampan tinupiksa glis (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.84.1). (kembali) |
46 | milyèng. Bandingkan: milya (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.86.1); milu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.84.1). (kembali) |
47 | Mangkuprajèki (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.397, Pupuh 163.89.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.89.1). Bandingkan: Mangkuyudèki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.94.1). (kembali) |
48 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Rahadèn Arya Sujanapura (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.91.2); wau Rahadèn Sujanapura (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.88.2). (kembali) |
49 | pinaringkên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 201.88.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.91.7). (kembali) |
50 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: nênggih Alpèrès Undur (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.94.4). (kembali) |
51 | darapon (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.398, Pupuh 163.98.8). Bandingkan: drêrapon (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 13.98.8). (kembali) |
52 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.399. (kembali) |
53 | wilangan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.399, Pupuh 164.5.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.6.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.7.4). (kembali) |
54 | Bandingkan: apan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.399, Pupuh 164.6.2). (kembali) |
55 | Kurang satu gatra: gatra ke-4 (7a). Bandingkan: apatèn-pinatenan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.7.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.8.4; Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 25.8.4). (kembali) |
56 | Bandingkan: atêmu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.400, Pupuh 164.13.6); kang mêtu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.14.6; Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 25.15.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.15.6). (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wong Sêmawung kathah kêni ing sanjata (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.23.1); wong Sêmawung kathah kêni kang sênjata (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.17.1). (kembali) |
58 | nangsah. Bandingkan: mangsah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.33.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.27.3). (kembali) |
59 | mêdal (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.401, Pupuh 164.27.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.35.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.29.2). (kembali) |
60 | atus (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.38.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.32.5). (kembali) |
61 | kunêng (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.33.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.39.1). (kembali) |
62 | Macan (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.44.3). (kembali) |
63 | nonjok (dan di tempat lain) (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.45.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.51.1). (kembali) |
64 | wotsari (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.45.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.51.7). (kembali) |
65 | marmaning (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.54.5). (kembali) |
66 | Bandingkan: angêbuki (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.55.5); angêmpuki (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.49.5). (kembali) |
67 | mugal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.56.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.50.3). (kembali) |
68 | cêmpala (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.51.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.57.5). (kembali) |
69 | cêmpe (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.402, Pupuh 164.52.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.60.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.54.3). (kembali) |
70 | jêjenggotira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.402, Pupuh 164.54.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.62.1). (kembali) |
71 | myang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.404, Pupuh 164.72.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 202.86.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 14.74.3). (kembali) |
72 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.405. (kembali) |
73 | Ki (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.405, Pupuh 165.1.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.1.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.1.4). (kembali) |
74 | Bandingkan: golèka (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.4.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.4.2). (kembali) |
75 | wit-witan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.405, Pupuh 165.4.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.4.2). (kembali) |
76 | Terdapat dobel sandangan: ingong atau engong. Bandingkan: ingong (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 26.5.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.5.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.5.3). (kembali) |
77 | anyengklak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.405, Pupuh 165.7.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.7.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.7.4). (kembali) |
78 | kagungan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.405, Pupuh 165.9.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.9.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.9.5). (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: mariyêm kang kagungan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.405, Pupuh 165.9.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.9.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.9.5). (kembali) |
80 | kêkayyan (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.13.40). Bandingkan: kêkaywan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.13.4). (kembali) |
81 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kèndêl baris anèng Kampak (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.13.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.13.7). (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: masalah ing băndayuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.26.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.26.2). (kembali) |
83 | Sapanjang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.407, Pupuh 165.26.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.26.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.26.4). (kembali) |
84 | ambendrong (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.407, Pupuh 165.34.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.34.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.34.7). (kembali) |
85 | mundur (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.408, Pupuh 165.46.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.46.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.46.6). (kembali) |
86 | sapraptanirèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.52.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.52.5). Bandingkan: sapraptanira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.409, Pupuh 165.52.5). (kembali) |
87 | andangu (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.57.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.57.4). (kembali) |
88 | rênggang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.409, Pupuh 165.58.7). Bandingkan: arênggang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.58.7). (kembali) |
89 | Bandingkan: mahambêk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.60.3). (kembali) |
90 | Kurang dua suku kata. Bandingkan: marma sănggarunggi ing tyas (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.62.7; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.62.7). (kembali) |
91 | pasuryan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.64.2). (kembali) |
92 | Bandingkan: kaya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.410, Pupuh 165.67.7); aja (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 26.70.7); aywa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.67.7); kayya (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.67.7). (kembali) |
93 | ambêbakali (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.411, Pupuh 165.77.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.77.5). (kembali) |
94 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: sapraptanirèng jro puri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.85.1); sapraptanira jro puri (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.85.1). (kembali) |
95 | ngantosi. Bandingkan: ngêntosi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 203.92.6;); angantos (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 15.92.6). (kembali) |
96 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.413. (kembali) |
97 | asare (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.413, Pupuh 166.1.2). Bandingkan: sare (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.1.2). (kembali) |
98 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: punika kang sangêt sakit (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.413, Pupuh 166.7.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.7.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.7.6). (kembali) |
99 | besuk (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.9.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.9.1). (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: besuk nèng Bahrawa ingsun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.9.1); besuk nèng Bahrawa isun (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.9.1). (kembali) |
101 | mangangkang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.13.3; Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 27.13.3). (kembali) |
102 | Bandingkan: dening aku kumangangkang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.414, Pupuh 166.13.3). (kembali) |
103 | Bandingkan: pêpatahan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.22.3). (kembali) |
104 | binagi-bagi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.22.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.22.4). (kembali) |
105 | Teks asli tidak jelas. Bandingkan: kang lumaku anututi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.415, Pupuh 166.38.6); kang lumajêng anututi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.38.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.38.6). (kembali) |
106 | anjungkêl (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.415, Pupuh 166.42.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.42.3). (kembali) |
107 | angganing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.415, Pupuh 166.42.6). Bandingkan: anggane (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 27.42.6). (kembali) |
108 | jênggèlèk (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.416, Pupuh 166.43.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.43.3; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.43.3). (kembali) |
109 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan kêni tutur sayêkti (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.43.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.43.6). (kembali) |
110 | Teks asli kurang jelas. Bandingkan: samya jêtung tan kênangling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.74.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.49.2). (kembali) |
111 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kang dèn aras satriyadi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.78.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.52.4). (kembali) |
112 | lêlakonipun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.416, Pupuh 166.54.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.80.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.54.1). (kembali) |
113 | ngoncati (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.416, Pupuh 166.56.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 204.82.2). Bandingkan: nguncati (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 16.56.2). (kembali) |
114 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.418. (kembali) |
115 | siyaga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.418, Pupuh 167.2.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.2.2); sayaga (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.2.2). (kembali) |
116 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus siyaga arsa budhal sang aji (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.418, Pupuh 167.2.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.2.2); wus sayaga arsa budhal sang aji (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.2.2). (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: nêlukakên wong desa kanan kering (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.5.2); nêlukakên wong desa kanan kèri (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.5.2). (kembali) |
118 | Bandingkan: Têngaran (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.11.7). (kembali) |
119 | Bandingkan: anglampahkên kang duta glis (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.12.7); anglampahakên duta glis (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.12.7). (kembali) |
120 | Salatiga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.419, Pupuh 167.13.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.13.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.13.5). (kembali) |
121 | Kartasura (dan di tempat lain) (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.14.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.14.5). (kembali) |
122 | ngumpul (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.16.1). Bandingkan: kumpul (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.16.1). (kembali) |
123 | mangkya (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.419, Pupuh 167.16.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.16.2). (kembali) |
124 | Lebih satu suku kata.Bandingkan: suka alatah-latah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.16.4; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.16.4). (kembali) |
125 | mantrinira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.419, Pupuh 167.16.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.16.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.16.5). (kembali) |
126 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sigra nuduh ing mantrinira sapuluh (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 205.16.5); sigra nusuh ing mantrinira sapuluh (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 17.16.5). (kembali) |
127 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.421. (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: pun Êtik lan pun Macan nalabung yuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.6.1). (kembali) |
129 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wus ginitikan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.421, Pupuh 168.9.6; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.9.6; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.9.6). (kembali) |
130 | Têngaran (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.11.1). (kembali) |
131 | bolos (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.422, Pupuh 168.13.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.13.5). (kembali) |
132 | Bandingkan: yya ta gung ingajurit (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.422, Pupuh 168.16.2). (kembali) |
133 | ngomberan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.18.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.18.1). (kembali) |
134 | Têngaran (dan di tempat lain) (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.25.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.25.1). (kembali) |
135 | tonjoke (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.423, Pupuh 168.25.5; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.25.5). Bandingkan: tonjok ing (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.25.5). (kembali) |
136 | nguni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.28.2). (kembali) |
137 | Bandingkan: sra (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.424, Pupuh 168.46.4). (kembali) |
138 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong Nirbaya kalawan wong Jagabaya (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.64.1; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.54.1). (kembali) |
139 | lêmbing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.426, Pupuh 168.70.2; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.70.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.60.2). (kembali) |
140 | Bandingkan: siniwa (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.426, Pupuh 168.70.4); nyênyiwo (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.60.4). (kembali) |
141 | gusis (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.76.3). Bandingkan: ngusir (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.426, Pupuh 168.76.3). (kembali) |
142 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: anèng palataran munggèng ing dhêdhampar (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.87.1); anèng ing mandhapa [pandhapa] pinarak dhêdhampar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.71.1). (kembali) |
143 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: bocah sun atag (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 206.75.6); bocah kanoman (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.89.6). (kembali) |
144 | sapraptane (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.427, Pupuh 168.93.1; Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.93.1). (kembali) |
145 | Ki (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 18.97.4; Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 29.98.4). (kembali) |
146 | Bandingkan: mantri Kawirarêja (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.428, Pupuh 168.97.4); katri Ki Wirarêdya (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 29.98.4). (kembali) |
147 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.429. (kembali) |
148 | mangga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.429, Pupuh 169.2.4). Bandingkan: măngga (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 19.2.4). (kembali) |
149 | orêm. Bandingkan: angrês (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 19.6.1). (kembali) |
150 | ngidak-ingidakan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.429, Pupuh 169.9.4). Bandingkan: ngidêk-ingidêkan (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 19.9.4). (kembali) |
151 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu i. Bandingkan: turăngga tinilar aglis (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 19.12.1). (kembali) |
152 | Tanggal: Saptu (Sêtu) Wage pitu likur (27) Rabiyulakir (Rabingulakir) Alip: pandhita wong rasaningrat (AJ 1617). Terdapat beberapa masalah dengan tanggal ini. Tampaknya kata "wong" yang biasanya berwatak bilangan satu (1) salah di sangkala tersebut, seharusnya angka enam (6) sesuai dengan urutan tahun naskah ini dan konteksnya. Bandingkan: pandhita gana rêtu jalma (AJ 1667) (Babad Pêcina, British Library (Add MS 12301), Pupuh 19.20.6–7); pandhita agana rêtu jalma (AJ 1667) (Sêrat Babad Pakubuwanan, British Library (Add MSS Jav 12282), Pupuh 30.18.6–7). Selanjutnya, pada bulan Rabingulakir tahun AJ 1667, hari Sêtu Wage jatuh pada tanggal 25, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 25 Rabingulakir AJ 1667 (30 Juni 1742). (kembali) |
153 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.431. (kembali) |
154 | tinêmbangan. (kembali) |
155 | babading. (kembali) |
156 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.432. (kembali) |
157 | nênggih (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.432, Epilog 1.2). (kembali) |
158 | Sinta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.432, Epilog 1.4). (kembali) |
159 | tanggal (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 2.432, Epilog 1.4). (kembali) |
160 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
161 | tinulis. (kembali) |
162 | Tanggal: Sukra (Jumungah) Wage gangsalikur (25) Rabiulakir (Rabingulakir) Êbe (Be): catur musna pandhita jagade (AJ 1704). Tanggal Masehi: Sabtu 23 Mei 1778. Perbedaan satu hari (Jumungah versus Sabtu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
163 | Lebih satu suku kata. (kembali) |