Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 01–21)

Judul
Sambungan
1. Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 01–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Kancil, Van Dorp, 1871, #1520 (Pupuh 22–42). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 30-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Kancil

Awit kancil kalairakên ngantos dumugi pêjahipun wontên ing nagari Mêsir

Mawi kasêkarakên

Kaêcap dening tuwan
G. C. T. : van Dorp en co
Ing Samawis 1871

--- [1] ---

[...]

--- 2 ---

1. Asmaradana

1. ri sêdhêng amurwèng tulis | Soma Manis jam saptenjang | ping kalih Mulud taun Be | sirnèng sunya naganingrat |[1] sangkala duk amurwa | rinuruh sinungan pupuh | ingaran asmaradana ||

2. panêngran ingkang ginupit | carita dongèng ing kewan | Sêrat Kancil babukane | wikan lêrês tuwin lêpat | sumăngga kang miyarsa | kawula darmi anurun | manut tuladha kewala ||

3. sigêgên ingkang ginupit | dhapure kăndha angiwa | kang tinutur sêjarahe | anênggih kang winursita | sira Dèwi Sungkawa | anake pandhita luhung | pan anèng ing wanawasa ||

4. ya ta ing alami-lami | sang dyah pan angrasa wawrat | tur wênês ijo warnane | mêngkana Rêtna Sungkawa | marak dhatêng kang rama | saliranira marlêsu | lir kadi dèn sampirêna ||

5. sang pandhita aningali | nênggih dhatêng ingkang putra | lêsu lupa salirane | wêdana ijo anawang | sang pandhita angucap | kadingarèn anak ingsun | alêsu saliranira ||

6. yèn ingsun wêtarèng galih | kaya wawrat pêkênira | sapa baya lawanane | hèh nini sira tutura | iya marang pun bapa | Rêtna Sungkawa umatur | dhuh rama datan [data...]

--- 3 ---

[...n] rumăngsa ||

7. tan wontên lawanan mami | baya karsane juwata | ingkang dhatêng awak ingong | kang rama aris ngandika | mokal lamun mêngkana | ana gêni tanpa kukus | sênadyan silih bêthara ||

8. yêkti ana marganèki | dèn age sira matura | aja kumbi anak ingong | bokmênawa ta pun bapa | bisa anyampurnakna | Rêtna Sungkawa umatur | pan sarwi angêmu waspa ||

9. inggih rama atur mami | sênadyan dèn pêjahana | kawula botên rumaos | yèn adarbe atur dora | dhatêng paduka rama | sampun amanggih rahayu | manggiha papa cintaka ||

10. kang rama runtik ing galih | asru dènya angandika | yèn mêngkana anak ingong | dèn age sira lungaa | aja kadulu netra | nora sudi têmên ingsun | ngaku anak marang sira ||

11. Rêtna Sungkawa anangis | tumungkul angêmu waspa | mêlasasih sêsambate | katuwane awak ingwang | tan jamak ing wong kathah | dhuh dewa banjutên ingsun | gêsang amêmirang jagad ||

12. sang rêtna anulya pamit | dhuh rama amit kawula | amung lilanana ingong | kang rama datan angucap | sang rêtna sigra mentar | pan sarwi angusap êluh | karuna jroning wardaya ||

13. kathah kagagas [kaga...]

--- 4 ---

[...gas] ing galih | nênggih Ni Rêtna Sungkawa | pan sampun lêpas lampahe | ingkang rama kèri brăngta | kesahe putranira | angraos wêlas ing kalbu | dene putra mung satunggal ||

14. mêngkana ingkang winarni | nênggih Ni Rêtna Sungkawa | katiwang-tiwang lampahe | nusup anèng wanawasa | tan ana kang kacipta | mung jalma kang karya wuyung | ingkang tansah ingulatan ||

15. ing siyang dalu lumaris | kêlamun arsa adhahar | godhong kang lêmês dhahare | lamun sare sang juwita | anèng ngandhape wraksa | kêlangkung kawêlasayun | lamine tan pinurcita[2] ||

16. sampun angsal sangang sasi | gènira wawrat sang rêtna | sampun jangkêp semayane | anuju sasi purnama | sêmana sang juwita | saliranira marlêsu | lèrèn ing ngandhaping wraksa ||

17. wus karsane dewa luwih | sampun wanci sirêp jalma | nulya babar wawratane | nanging tan warna manungsa | awarni kancil wana | pan apelak warnanipun | babare sangking kaluwat ||

18. wus karsane dewa luwih | sang rêtna lajêng palastra | nèng ngandhaping wraksa gêdhe | tunarpane[3] lajêng musna | cinăndra ing juwata | sigêgên datan winuwus | ya ta enjing kawarnaa ||

19. kancil alit nèng wonadri | tan ana ingkang wuninga | lawan tan ana rowange | awêtara agêngira | sami tikus jinada | mapan tansah lênguk-lênguk | anèng soring pucung wraksa ||

2. Pucung

1. kancil alit datan ana rowangipun | nèng ngandhaping wraksa | ya ta ing alami-lami | amêmăngsa gêgodhongan anèng wana ||

2. lincak-lincak janggirat aglis lumayu | nanging datan têbah | wangsul mring pêrnahnya malih | amêlangkring anèng sore ngandhap wraksa ||

3. lama-lama saya agêng angganipun | kesahe mêmăngsa | wus supe ing pêrnahnèki | wus atêbah lumayu saparan-paran ||

4. yèn mêmangan gêgodhongan ing wona gung | karsane juwata | saya agêng punang kancil | awêtara pan sacêmpe agêngira ||

5. ingkang saya lêpas gènira lumaku | mêdal saking wana | ngambah pêgagan anênggih | pan akathah lembayung [le...]

--- 5 ---

[...mbayung] sêkar asinang ||

6. cinarita kang darbe pêgagan iku | jalma langkung nistha | rabine pan sampun lalis | pan anilar anak pêrawan sanunggal[4] ||

7. kyai juru pêgagan ing wêstanipun | tansah anèng gaga | kêlawan anake èstri | awas mulat kêlamun kacange têlas ||

8. kyai juru pêgagan micorèng kalbu | iki baya sapa | kang ngrusak pêgagan mami | apa bêndhul utawa silih manungsa ||

9. yên manungsa yêkti wontên tilasipun | kaya satu kewan | kang ngrusak pêgagan mami | ri sêksana ki juru akarya kala ||

10. amaju pat wetan kulon êlor kidul | pinasangan kala | ki juru singidan têbih | kawarnaa kancil arsa amêmăngsa ||

11. tan uninga pinasangan êlor kidul | dupi anêrajang | kasingsêt ing gulunèki | jăla-jăla lir sinambêr dhandhanggula ||

3. Dhandhanggula

1. kyai juru mring pêgagan aglis | sakêlangkung suka ing wardaya | gêgêlungan tênagane | tangi asru amuwus | baya iki kang jêjêmbêri | ngrusak pêgagan ingwang | bilahi sirèku | dene nora sêpiraa | gêdhenira padha lawan kirik mami | ngrusak uwite kacang ||

2. tan antara nulya dèn uculi | sarwi ngucap ki juru pêgagan | besuk sira sun sambêlèh | ki juru nulya nguwuh | mring putrane ki juru prapti | ki juru alon angucap |[5] cêkêlana gupuh | ingsun akarya kurungan | tan antara kurungan pan sampun dadi | kadya kurungan sata ||

3. kancil alit nulya dèn kurungi | kyai juru kesah mring pêgagan | wawêling marang putrane | hèh nini anak ingsun | ngêliwêta dèn akèh nini | lah iya benjang-enjang | padha mangan nginum | kancil arsa dipun panggang | sun basêngèk sawusira awawêling | ki juru nulya kesah ||

4. kancil alit sampun dèn kurungi | anèng sosok amicorèng nala | nora wurung mati mangke | paran gon ingsun ucul | dene ingsun wus dèn kurungi | tan wurung benjang-enjang | dèn sambêlèh ingsun | nora wurung dadi tinja | kaya apa gon ingsun ucul ta iki | baya [ba...]

--- 6 ---

[...ya] karsaning dewa ||

5. nulya wontên sêgawon marani | anèng jaba angucap mangkana | kancil sira kadingarèn | nèng kene kongsi dangu | kancil alit alon nauri | lah iya wruhanira | milane wak ingsun | anèng kene kinurungan | ingsun arsa dèn ambil mantu pribadi | marang juru pêgagan ||

6. dèn olihkên anake pribadi | besuk Sênèn gon ingsun aningkah | sêgawon alon wuwuse | nora pantês sirèku | dèn bil mantu marang ki bayi | kancil alon angucap | tan pracayarèku | lah ta mara tingalana | awak ingsun iki uwis dèn borèhi | sira nora pêrcaya ||

7. sakêlangkung gagêtuning galih | punang asu myarsa wuwusira | lênguk-lênguk sêdangune | kancil alon amuwus | apagene ngungun sirèki | apa kêpingin sira | dèn ambil ing mantu | marang ki juru pêgagan | asu ngucap lah iya ingsun kêpingin | dèn ambil mantu ingwang ||

8. dene ingsun wus lawas angabdi | iya marang ki juru pêgagan | sang kancil alon wuwuse | lamun mangkana iku | lah ta uwis angalah mami | têlungane manira | pan anyar katêmu | marang ki juru pêgagan | balik sira wus lawas gonira ngabdi | mring ki juru pêgagan ||

9. iya pantês yèn sira kêpingin | lah ta age sira malêbua | ingsun uga ngalah bae | pan ingsun arsa mêtu | punang asu bungah ing galih | kurungan dipun wiyak | kancil aglis mêtu | asu malêbèng kurungan | kancil ngucap lah uwis kariarèki | benjing Sênèn aningkah ||

10. nanging sira dèn angati-ati | wong arabi kêlawan manungsa | beda lawan sêsamane | sêgawon alon muwus | lah ta măngsa bodhoa mami | kancil anulya kesah | kêbat lampahipun | têbih sangking pêrnahira | kawarnaa ki juru pêgagan prapti | anguwuh anakira ||

11. hèh ta bayi mêtua dèn aglis | nulya wau kang putra wus mêdal | kancil arsa sun sambêlèh | kang putra aglis mêtu | nyangking gobang tan dangu prapti | kyai juru pêgagan [pê...]

--- 7 ---

[...gagan] | cêcawêtan sampun | sigra anyingkap kurungan | ya ta kagèt ki juru gènya ningali | dene kancil tan ana ||

12. mung sêgawon kang wontên kaèksi | anèng sosok ki juru angucap | ningali kirike dhewe | kancil nora kadulu | baya uwis dèn pangan kirik | sosok aglis binuwang | ki juru agupuh | angambil alu lêngênan | kirikira pinênthung kayu tumuli | sirahnya kowang-kowang ||

13. ya ta nuli pinindho ginitik | pan lumayu sarwi kêlongkongan | ki juru asru wuwuse | kirik anaking asu | nora kêna ginawe bêcik | kancil arsa sun panggang | binadhok karuwun | yèn ajaa asu sira | sun sambêlèh sun karya liruning kancil | kêpalang asu sira ||

14. kang kocapa sêgawon anangis | pan mangkana usiking wardaya | kênèng apus awak ingong | êndi gonmu katêmu | pêsthi besuk ingsun jêjuwing | pan ingsun mamah-mamah | têkan bêbalungmu | sêgawon anulya kesah | angulati kancil arsa dèn patèni | nanging datan kêpanggya ||

15. kancil alit kang kocapa malih | saya têbah dènira lumampah | tanbuh sinêdyèng galihe | ngambah ing wana agung | jurang sêngkan dipun lêbêti | prapta ing ara-ara | kancil lampahipun | mulat ana keyong gondhang | pinaranan praptèng ngarsa punang kancil | mundur sarwa angucap ||

4. Durma

1. keyong gondhang pan asru dènira ngucap | paran karsamu kancil | praptèng ngarsaning wang | kancil alit angucap | mulane manira prapti | nèng ngarsanira | arsa têtakon mami ||

2. pagenea omahira sira gawa | baya sira kuwatir | kêlamun tinilar | keyong gondhang angucap | pa kurang dhiya pêrduli | nadyan sun gawa | jêr omah ingong pribadi |[6]|

3. padu apa wong sira tan darbe wisma | lamun darbe sirèki | pêsthi sira gawa | sêparan-paranira | kancil alit anauri | têmbe manira | tumon kaya sirèki ||

4. yêkti repot omah yèn ginawa lunga | măngsa bisa lumaris | pêsthi gêranthahan | kiyong gondhang angucap |

--- 8 ---

pagene repot lumaris | yèn tan pêrcaya | payo bêburon kancil ||

5. lawan sira lah apa totohanira | kancil alon nauri | dene pêkênira | ngaku bisa lumalya | nora tangan nora sikil | yêkti kangelan | gonmu arsa lumaris ||

6. dene arsa angajak bêburon sira | iya lawan ing mami | angajak botohan | mêngko yèn sira kalah | ya baburon lawan mami | pêsthi sun pangan | kiyong gondhang nauri ||

7. nadyan sira yèn kalah pêsthi ngong măngsa | kancil sumaur bêngis | lah payo dèn kêbat | bêburon lawan ingwang | kiyong gondhang anauri | sun janji sira | kancil age lumaris ||

8. aja liwat jêmbare sawah sakothak | lamun kaliwat iki | yêkti sira kalah | kancil asru angucap | iya sakarsanirèki | ingsun lumajar | burunên dipun aglis ||

9. kiyong gondhang nauri mring kancil inggal | hèh kancil ingsun janji | iya marang sira | nanging ingsun sumaya | besuk ari Sênèn mami | sira mêtua | ya keyong ja kuwatir ||

10. kiyong gondhang angundhangi kiyong kathah | kancil datan udani | sampun amaju pat | kancil lan kiyong gondhang | pan anèng pojoking sabin | kulon lan wetan | lor kidul amêpêki ||

11. kiyong gondhang asru dènira angucap | mara kancil dèn aglis | sira lumayua | mêngko sun udak[7] sira | sang kancil lumayu aglis | ngidul angetan | lampahnya kadi thathit ||

12. kidul wetan kiyong muni pan agêtak | kancil kagèt ing galih | angulon sêksana | kiyong kang kulon munya | kancil rikat aglis bali | ngidul angithar | kiyong kang kidul muni ||

13. pan angalor kancil lumayu angithar | kiyong kang êlor muni | kewran ing wardaya | kancil alit sêmana | mêngkana usiking galih | nyata yèn kêbat | kiyong pêlayunèki ||

14. datan wikan kêlamun ing kiyong kathah | ingaran mung sawiji | sabên-sabên [sabê...]

--- 9 ---

[...n-sabên] ngucap | kiyong muni anggêtak | kancil anggiwar lumaris | ciptane manah | kiyong maksih nututi ||

15. wus atêbah kancil gènira lumajar | sangking ing pêrnahnèki | pan angrasa sayah | kancil lèrèn sakêdhap | nulya ana kiyong muni | anèng kêdhokan | kancil kagèt ing galih ||

16. kancil alit akêbat dènya lumajar | pan kongsi kêmpis-kêmpis | supe amêmangan | kongsi satêngah wulan | gènya lumayu sang kancil | supe lor wetan | kidul datan udani ||

17. duk sêmana angambah pèrènge arga | kancil kêlangkung arip | ngantuk anèng marga | apan sarwi lumajar | wontên sumur tan udani | pan kêsasaban | ing sukêt angayomi ||

18. tan katingal sumur jêrone kalintang | mêngkana punang kancil | pan maksih lumajar | sangking ajrihing manah | dadya kalêbêt sang kancil | nèng sumur ika | kancil kagèt ing galih ||

19. kancil arsa mêntas apan nora bisa | langkung kawêlasasih | amicorèng nala | paran solah manira | nora wurung ingsun mati | lamun awèta | nèng jroning sumur mami ||

20. awêtara tigang dina laminira | nèng sumur punang kancil | datan bisa mêntas | lan ora amêmangan | nulya ana banthèng prapti | nèng sumur sigra | pan arsa nginum warih ||

21. dupi ngungak anèng sumur kagèt mulat | dhumatêng punang kancil | nèng sumur kumambang | banthèng asru angucap | hèh pagene sira kancil | anèng jro tăya | nora anganggo kanthi ||

5. Kinanthi

1. kancil sumaur asêndhu | banthèng sira tan udani | baya datan ngrungu warta | mila anèng sumur mami | ing besuk arsa kiyamat | bumi tangkêp lawan langit ||

2. mulane sun anèng sumur | jatine umpêtan mami | apa sira tan miyarsa | banthèng alon anauri | pan ingsun nora miyarsa | yèn arsa kiyamat iki ||

3. kancil alit alon muwus | yèn sira andêrah pati | lah apa sakarsanira | banthèng alon anauri | pan ingsun milu umpêtan | kancil marang ing sirèki [si...]

--- 10 ---

[...rèki] ||

4. iya anèng jroning sumur | kancil alon anauri | dèn age umpêtan sira | sira lamun arsa urip | banthèng anututi ika | tan wruh lamun dèn apusi ||

5. anulya malêbu sumur | kancil amèpèt ing pinggir | pan sarwi alon angucap | hèh ta banthèng sira ugi | wong agêdhe dhuwur sira | aja sira anèng nginggil ||

6. bok mênawa langit rubuh | sira karubuhan dhingin | bêcik sira anèng ngandhap | ingsun ingkang anèng nginggil | banthèng anurut kewala | kancil anulya mêlangkring ||

7. nèng gigire banthèng agung | salunjakan winitawis | kancil anulya malumpat | pan sampun praptèng ing nginggil | banthèng alon dènya ngucap | pagene kancil sirèki ||

8. dene mêntas sangking sumur | kancil alit anauri | hèh banthèng kawruhanira | mulane sun mêntas dhingin | ingsun arsa atêtanya | mring Nabi Suleman dhingin ||

9. goning kiyamat ing besuk | kurang pirang dina maning | eca-ecaning kang manah | gon ingsun angati-ati | banthèng anurut kewala | măngsa bodhoa sirèki ||

10. kancil anulya lumayu | akêbat pêlayunèki | sêmana sampun atêbah | pêlayune punang kancil | awêtara tigang dina | kancil gènira lumaris ||

11. ingkang anèng jroning sumur | banthèng amicorèng galih | dene iki wus alama | kancil nora nana prapti | dene kongsi têlung dina | apa silih angapusi ||

12. iya marang awak ingsun | yèn nora anuli prapti | dene kongsi têlung dina | gone atakon si kancil | pan ingsun datan anduga | banthèng tan eca ing galih ||

13. sigra mêntas sangking sumur | sêmana wus praptèng nginggil | mulat kidul êlor wetan | kancil tan ana kaèksi | banthèng amicorèng nala | nyata lamun angapusi ||

14. kancil marang awak ingsun | yèn mêngkana sira kancil | ing ngêndi gonmu kapêdhak | nora wurung sun patèni | besuk sira ingsun sêmpal |

--- 11 ---

awakira sun jêjuwing ||

15. banthèng anulya lumaku | sêdya angulati kancil | malêbêt ing wanawasa | gêrumbul dèn osak-asik | sangking runtiking wardaya | mila sangêt angulati ||

16. ing sasêngkan gunung-gunung | sêdaya dipun ulati | miwah pêpèrènging arga | sêdaya dipun ulati | nanging datan kêpanggiha | sigêgên mangke rumiyin ||

17. kancil alit kang winuwus | wus atêbah lampahnèki | tan karuwan kang sinêdya | munggah tumurun ing wukir | yèn dalu lèrèn anendra | yèn siyang kancil lumaris ||

18. mêngkana malih winuwus | bajul anèng têngah kali | apan asring amêmăngsa | sêbarang ingkang kaèksi | ingkang parak anèng tăya | kang dadya amanerèki ||

19. sêmana bajul andulu | wêrgul anèng pinggir kali | apan arsa amêmăngsa | nèng sabrang kulon anênggih | bajul anèng sabrang wetan | pan arsa nyabrang tumuli ||

20. sangking luwe wêtêngipun | akêbat dènya lumaris | gugup arsa amêmăngsa | duk lumarap anèng warih | kêsangsang anèng dhapuran | êpring anèng têngah kali ||

21. dadya kandhêg lampahipun | datan bisa obah-osik | wêrgul anuli lumajar | wikan yèn arsa binukti | akêbat pêlayunira | bajul kawarnaa malih ||

22. kacêpit saliranipun | pan anèng dhapuran êpring | akukuh tan bisa obah | bajul asru dènya nangis | apan sarwi karugêtan | arsa mêdal datan bangkit ||

23. pan mêngkănă wuwusipun | anaa kang tulung mami | yèn tuwa sun aku bapa | ingkang atêtulung mami | anèm ingsun aku kadang | ing lair tumêkèng batin ||

24. pirabara ta ing besuk | yèn bisa amalês mami | marang kang têtulung ingwang | sok uga luwara dhingin | ingsun sangking ing dhapuran | lan bisa mêmangan mami ||

25. apan kongsi pitung dalu | bajul dènira kacêpit | anulya ana kêlasa | amoh kèli sangking nginggil | pan anut arus kiwala | ing sêparan-paranèki ||

26. dupi prapta prênahipun | kang punang bajul kacêpit | kêlasa kanyut ing toya | bajul pan [pa...]

--- 12 ---

[...n] amuwus aris | hèh kêlasa pêkênira | bisa atêtulung mami ||

27. besuk sun aku sêdulur | kêlasa alon nauri | hèh ta bajul wruhanira | duk ing mêksih anyar mami | ingsun uga dèn pilala | akèh wong kasmaran kingkin ||

6. Asmaradana

1. lamun ana dina bêcik | ingsun nulya ingukupan | sinêbaran kêmbang akèh | lawan ingsun tinuronan | manungsa ingkang endah | malah kadhangkala ingsun | dèn anggo pêngantèn anyar ||

2. gandane amrik awangi | tan kêna rêgêt salêna | nulya kinêlutan ingong | nulya sinêbaran kêmbang | pradene mêngko ingwang | wis amoh nora dèn aku | pan ingsun dèn buwang-buwang ||

3. apan nora dèn rumati | kêmbang manèh yèn iyaa | kenyut sêparan-parane | tan ana kang rêmên mring wang | miwah ta yèn dêlênga | anaa ingkang têtulung | iya marang awak ingwang ||

4. sêmana sampun atêbih | kêlasa kanyut ing tăya | punang bajul kari dhewe | pan tansah lara karuna | ya ta kang kawarnaa | punang kancil arsa nginum | kêlawan arsa anyabrang ||

5. kêlangkung kewran ing galih | punang kancil kulithian | apan ta mangetan ngulon | praptèng pinggiring bêngawan | kancil awas tumingal | lamun ana bajul agung | kacêpit anèng dhapuran ||

6. anèng satêngahing kali | kêlamun tăyanya asat | bajul anèng dharatane | apan tansah kêpanasan | yèn udan kaudanan | lamun agung punang banyu | bajul kêlêm anèng tăya ||

7. pan tansah kawêlasasih | ing siyang dalu karuna | sang kancil awas tingale | yèn ana bajul karuna | kancil micorèng nala | bodho têmên sira bajul | kacêpit tan bisa polah ||

8. jamak ora mundur dhingin | pan arsa maju kiwala | sayêktine iku alon | pêsthi nora bisa obah | kancil alon angucap | hèh ta pamane bajul |[8] upama ana kang bisa ||

9. atêtulung mring sirèki | amrih bisa ucul sira | besuk apa pêmalêse | marang kang têtulung sira | dèn age sumanggupa | duk miyarsa punang bajul | marang kancil [kanci...]

--- 13 ---

[...l] ujarira ||

10. sumaur sarwi anangis | hèh ta sapa aranira | kang arsa têtulung mring ngong | gêdhemu amung samrica | dene sumanggup sira | atêtulung marang ingsun | ingsun wong agêdhe dawa ||

11. prayogyanira nulungi | sakangcil[9] alon angucap | yèn sira tan wruh maring ngong | dutane Nabi Suleman | kinèn anganglang jagad | raya kancil aran ingsun | kang punang bajul angucap ||

12. lah ta iya raja kancil | lamun bisa pêkênira | atêtulung awak ingong | sira sun aku sudara | gêsang têkèng palastra | sang kancil alon amuwus | apa têmên ujarira ||

13. sang bajul alon nauri | kancil lamun ingsun cidra | dèn cupêta umur ingong | aja amanggih raharja | sang kancil saurira | yèn mêngkono sira bajul | mêngko sun tulungi sira ||

14. lah dèn age punang kancil | tulungana awak ingwang | lah uwis aja kasuwèn | sang kancil alon angucap | mêngko sêdhela êngkas | yèn wis agung punang ranu | sira bajul amundura ||

15. pan ing mêngko sun tulungi | lan sira aja ambêkan | yèn uwis agung banyune | wus agung kang punang tăya | ngalabi awakira | ri sêksana bajul mundur | sarwi amêgêng ambêkan ||

16. luwar gènira kacêpit | bajul amicorèng nala | dene iki gampang bae | pan nora kongsi alawas | pan ingsun bisa luwar | yèn mêngkono awak ingsun | apan nora tinulungan ||

17. iya marang raja kancil | ingsun bisa lêpas dhawak | dadi nora utang ingong | dene bisa luwar dhawak | kancil alon angucap | hèh bajul priye karêpmu | ing mêngko sira wus luwar ||

18. lah iya gonmu kacêpit | apa walêsmu maring wang | sang bajul alon wuwuse | kang sun walêsake apa | kancil marang ing sira | ananging rasaning kalbu | iya kancil dudu sira ||

19. kang têtulung marang mami | sira mung tuduh kiwala | ingsun ingkang ucul dhewe | kancil amung kaul ingwang | mêngko ingsun anêmbah | marang sira kaping têlu | sang kancil alon angucap ||

20. dene sêlawaserèki [sêlawase...]

--- 14 ---

[...rèki] | kacêpit anèng dhapuran | tan bisa obah dhèwèke | kongsi pirang-pirang dina | tujune bajul sira | bisa luwar sira bajul | aja ingsun tuturana ||

21. sang bajul alon nauri | mulane ingsun anêmbah | ping têlu marang dhèwèke | sang bajul anulya marak | kancil arsa cinandhak | wus praptèng pinggiring ranu | sang kancil aglis malumpat ||

22. mêlangkring nèng kayu cangkring | bajul kandhêg anèng tăya | pan sarwi asru wuwuse | hèh pagene kancil sira | mêlangkring anèng wraksa | sang kancil alon sumaur | ingsun wong arsa sinêmbah ||

23. abêcik ingsun mêlangkring | aja kongsi anèng lêmah | mara nyêmbaha dèn age | aja sira marak-marak | bajul kêlawan ingwang | mênawa sira kasiku | mring gusti Nabi Suleman ||

24. bajul anauri aris | wis age sira mudhuna | kancil nulya mudhun age | praptèng ngandhap alon ngucap | bajul yèn arsa mangan | sira marang awak ingsun | ingsun uga wus uninga ||

25. nanging ana janji mami | bajul marang pêkênira | sang bajul alon wuwuse | kaya paran janji nira | sang kancil wuwusira | lamun têmên sira bajul | arsa mangan marang ingwang ||

26. mara malanga dèn aglis | anèng têngahing bêngawan | ing mêngko ingsun ukure | bajul sira lawan ingwang | mênawa sira sêsak | pêngrasane atiningsun | mêksih dawa awak ingwang ||

27. iya lawan ing sirèki | mulane sun eman sira | pan arsa mangan wak ingong | dene lamun nora sêsak | pan ingsun uwis pasrah | apa karsanira bajul | dènira amêgat nyawa ||

7. Mêgatruh

1. ri sang bajul alon dènira amuwus | iya karsanira kancil | sigra malang punang bajul | anèng têngahing bênawi | jujul ingkang kidul êlor ||

2. malah mêntas anèng dharat buntutipun | sang bajul bungah ing galih | bajul alon dènya muwus | lah mara kancil dèn aglis | sira ukurên wak ingong ||

3. kancil ngucap dèn antêng ta sira bajul | aja sira obah-osik | mênawa ingsun kajêbur | dadi wurung sira bukti [bu...]

--- 15 ---

[...kti] | kancil anulya mêncolot ||

4. wus angancik anèng gigirira bajul | têkèng sirah dèn itungi | siji loro loro têlu | pan akêbat lampahnèki | praptèng buntut kancil anjog ||

5. anèng dharat asru dènira amuwus | hèh bajul rêbutên mami | ingsun kancil adi luhung | yèn sira durung udani | ingsun kancil anak mayor ||

6. lah burua bajul age dèn agupuh | yèn arsa mangan ing mami | sun antèni sira bajul | anèng ngisoring kusambi | aja sira kari jomblong ||

7. duk miyarsa bajul angungun ing kalbu | mêngkono osiking galih | kênèng apus awak ingsun | wêruha yèn diapusi | mau sira ingsun badhog ||

8. kang kocapa kancil akêbat lumayu | wus têbah ing pêrnahnèki | tan winarna laminipun | sigêgên mangke rumiyin | kocapa sang macan gembong ||

9. ambêbujung marang kêthèk wus adangu | nanging kêthèk nora kêni | lumayu saparanipun | pan mêksih dipun tututi | dhatêng sang amacan gembong ||

10. pan akêbat kêthèk dènira lumayu | manjing wana dèn tututi | mila asangêt binuru | kêthèk arsa dipun bukti | nênggih dhatêng macan gembong ||

11. duk samana kancil kang lagya lumayu | awas dènira ningali | yèn ana kêthèk lumayu | anulya dipun cêgati | praptèng ngarsa kancil takon ||

12. hèh pagene kêthèk pan sira lumayu | kapang-kapang niba tangi | ingkang tinandya sumaur | mulane lumayu mami | binuru ing macan gembong ||

13. apan arsa pinatenan awak ingsun | balikan ta sira kancil | pagene sira lumayu | kancil alon anauri | pagene lumayu ingong ||

14. kaya dudu anake bapa lan biyung | yèn kongsi lumayu mami | nadyan wuwuha sapuluh | apan ingsun nora wêdi | iya marang macan gembong ||

15. punang kancil asru dènira amuwus | lah iya aja kuwatir | nanging ana kang sun jaluk | kêthèk marang ing sirèki | ngambila godhong jati nom ||

16. sira ingkang bisa mènèka [mènè...]

--- 16 ---

[...ka] mandhuwur | punang kêthèk sigra ngambil | wus olèh ginawa mudhun | dèn wèhakên marang kancil | nulya tinampanan alon ||

17. kêthèk angling măngsa bodhoa sirèku | kancil alon anauri | lah wis aja kongsi turu | umpêtana anèng wuri | yèn prapta si macan gembong ||

18. kêthèk aja sira milu-milu muwus | ingsun dhewe kang manggihi | sang kêthèk umpêtan sampun | anèng wurinira kancil | pan andhêlik nora katon ||

19. ri sang kancil mêlangkring nèng pinggir sumur | wus amamah godhong jati | dadya abang cangkêmipun | pan kadya tilasing gêtih | kancil mungkur apitamboh ||

8. Pangkur

1. macan gembong sampun prapta | mring pêrnahe mêlangkring punang kancil | macan gembong asru muwus | hèh kancil apa ana | kêthèk ingsun ucul lumayu sun buru | sang kancil asru angucap | pagene sira ulati ||

2. marang kêthèk arsa paran | macan gembong asru nêdya nauri | hèh ta kancil wruhanamu | kêthèk arsa sun pangan | kancil ngucap yèn awèha awak ingsun | dèn pangan dosane apa | dene gumampang sirèki ||

3. mapan iku kêthèk ingwang | wus alawas minggat ingsun ulati | ing mêngko lagi katêmu | pan arsa sira pangan | enak-enak lamun awèh awak ingsun | yèn tan awèh kaya paran | budia sun sêmbadani ||

4. macan gembong asru ngucap | hèh ta kancil dene sira kumaki | gêdhemu padha lan têngu | arsa mungsuh maring wang | wong agêdhe agagah lêmu adhuwur | pêngrasane atiningwang | anaa sêpuluh kancil ||

5. ingsun măngsa pêkênira | măngsa silih nganggo mindhoni mami | sang kancil asru amuwus | sênadyan alit ingwang | măngsa silih wêdia kang gêdhe dhuwur | yèn sira nora uninga | iya maring awak mami ||

6. sabên dina ingsun mangan | iya marang macan sadina siji | yèn tan pêrcaya sirèku | ingsun mêntas amangan | awasêna gubras gêtih cangkêm ingsun |

--- 17 ---

durung suwe ingsun mangan | mêngko wus angêlih maning ||

7. ngluru macan nora nana | kabênêran sira ingkang ngatêri | macan gembong asru muwus | apa têmên ta sira | mangan macan siji-siji sabên esuk | sang kancil asru angucap | sira maido ing mami ||

8. dumèhne cilik wak ingwang | sira dalih iya uwong kêkalih | sira dulunên dèn gupuh | tilase ingsun mangan | êndhas macan ingsun buwang anèng sumur | nanging ingsun maksih kurang | arsa ngluru macan maning ||

9. mêksih ngêlih wêtêng ingwang | macan gembong langkung maras ing galih | sigra aningali sumur | macan gembong sêmana | aningali dhumatêng wayanganipun | kagèt macan gembong giwar | dèn arani macan yêkti ||

10. tan wruh wayangane dhawak | macan gembong kêbat pêlayunèki | kancil asru dènya nguwuh | macan gembong balia | aja dumèh yèn sira kêbat lumayu | nora wurung mêngko sira | kêcandhak ingsun tututi ||

11. dene wus kapêsthi sira | macan gembong dadi panganan mami | angur balia sirèku | sira ingsun apura | macan gembong mandhêk amicorèng kalbu | lamun ingsun lumayua | pêsthi mêngko dèn tututi ||

12. nora wurung yèn kêcandhak | marang kancil angur nututa mami | bokmênawa awak ingsun | ing mêngko dèn apura | tan antara macan gembong sigra wangsul | tan adangu praptèng ngarsa | tumungkul pan èsmu ajrih ||

13. sang kancil alon angucap | kaya ngapa macan ing karsanèki | apa sira sêdya rukun | utawa lamun nora | macan gembong alon denira amuwus | sêdya rukun awak ingwang | iya marang ing sirèki ||

14. nora sêdya paran-paran | potangêna ing pati urip mami | nora mukir ingsun besuk | kancil alon angucap | aja cidra sira lawan awak ingsun | lamun sira kêpotangan | macan marang awak mami ||

15. besuk sira sabên warsa | wèha pajêg macan sawiji-wiji | minăngka ing pangan ingsun | macan gembong angucap | lah ta iya sabên taun awak ingsun | awèh [a...]

--- 18 ---

[...wèh] pajêg marang sira | iya macan siji-siji ||

16. sang kancil alon angucap | lah ta uwis sira muliha aglis | nanging sira dèn arukun | ya lawan kêthèk ingwang | lah dèn age kêthèk mêtua nèng ngayun | ingsun rukunakên sira | lawan macan gembong iki ||

17. punang kêthèk sigra mêdal | anèng ngarsa nanging marasing galih | kancil asru dènya muwus | păma dèn rukun sira | lawan macan aja cidra sira besuk | kêthèk mujar pêringisan | lah iya sakarsanèki ||

18. ya ta nulya lênggah jajar | kêthèk macan sang kancil asru angling | macan gembong den agupuh | lah iya buntutira | pêrtandhane lamun sira uwis rukun | ya ta ginandhèng sêksana | nênggih buntutira kalih ||

19. wusnya sami gêgandhengan | pan akukuh anulya sami pamit | macan kêthèk wus lumaku | pan sarwi gêgandhengan | sêparane tan pisah dènya lumaku | siyang dalu pan mêngkana | kadya mas timbuling warih ||

9. Maskumambang

1. wus atêbah macan gembong lampahnèki | tansah gêgandhengan | tan ucul ing siyang ratri | lamun arsa amêmangan ||

2. apan tansah diya-diniya ing galih | kêthèk arsa mangan | anèng pinggiring pasisir | macan gembong datan arsa ||

3. kêdah mangan lunga marang ing wănadri | arsa inguculan | wêdi wêkase sang kancil | macan gembong duk sêmana ||

4. atêtakon hèh kêthèk iku si kancil | apa têmên ika | mangan macan sabên ari | sira tutura prasêtya ||

5. aja kumbi gonmu tutur marang mami | yèn akumbi sira | mêngko sira sun patèni | lamun sira nora dora ||

6. sun uculi iya lawan buntut mami | sang kêthèk kewuhan | dènira atutur nênggih | dadya atutur prasêtya ||

7. satêmêne macan sira sun tuturi | asandi kiwala | gone tutur ya si kancil | iya marang awakira ||

8. dene ingkang abang lir rupane gêtih | iya gêgodhongan | jati kang ênom ingambil | dèn mamah mêtune abang ||

9. kaya gêtih malah [ma...]

--- 19 ---

[...lah] ingsun ingkang ngambil | dene êndhas macan | kang anèng jro sumur uni | iku wêwayanganira ||

10. iya dudu êndhase macan sayêkti | macan gembong ngucap | bêcik têmên sira kancil | bisa ngapusi lan ingwang ||

11. yèn wêruha mêngkono ta sira kancil | wis sun kêmah-kêmah | kêlawan balunge rèki | măngsa găndraa sêpira ||

12. sira maning kêthèk sira angapusi | mèlu-mèlu sira | lah iya marang si kancil | têka anurut kewala ||

13. nora wurung ing mêngko sira bilai | kêthèk pêringisan | cuwèt-cuwèt asru nangis | apan sarwi paringisan ||

14. bêkèr-bêkèr anulya sinaut aglis | nanging datan kêna | sinaut nganan angeri | sinaut ngiri anganan ||

15. nanging mêksih gêgandhengan buntutnèki | sang kêthèk têngginas | dènya bêburon ing nguni | pan tansah ubêng-ubêngan ||

16. gêgandhengan dadya ucul buntutnèki | sang kêthèk têngginas | mènèk anèng api-api | ing nginggil pan sampun prapta ||

17. kêmpis-kêmpis anèng nginggil pan mêthangkring | macan nora bisa | gènira arsa nututi | gagêtun ing manahira ||

18. macan gembong pan asru gènira angling | hèh ta kêthèk sira | saturun-turunmu benjing | dadi pêpanganan ingwang ||

19. aja mukir kêthèk ing luhur nauri | iya lamun kêna | sira măngsaa ing benjing | ingkang kêna bêjanira ||

20. macan gembong wangsul ing pêrnahe kancil | tan adangu prapta | kancil wus datan kaèksi | macan gembong kari gana ||

21. sakêlangkung gagêtun sajroning ati | usiking wardaya | kênèng apus awak mami | ing ngêndi gonmu kêpanggya ||

22. nora wurung kancil sira sun jajuwing | pan saturun nira | besuk dadi pangan mami | macan gembong sigra kesah ||

23. sêdyanira angulati marang kancil | malêbêt ing wana | jurang sêngkan dèn lêbêti | nanging datan kêpanggiha ||

24. pan kalunta macan gembong lampahnèki | runtiking wardaya | emut marang ing si kancil | lir sinambêr dhandhanggula ||

--- 20 ---

10. Dhandhanggula

1. tan winarna kang lagya lumaris | macan gembong gênti kang kocapa | nênggih sang kancil lampahe | minggah ing wana gunung | jurang sêngkan dipun lêbêti | saya kalunta-lunta | kancil lampahipun | lamun arsa amêmăngsa | gêgodhongan ingkang lêmês dipun bukti | kêlamun arsa nendra ||

2. amêlangkring ing sela kang inggil | sêlamine pan kadya mêngkana | pan anuju ing lampahe | malêbêt ing garumbul | pan anuju sudhungerèki | cèlèng lagya bêlehan | kathah gênjikipun | ananging cèlèng wanodya | ingkang lanang wis mati anèng wănadri | pinangan dening macan ||

3. milanipun bêlihan pribadi | apan datan ana ingkang uninga |[10] kêsaru kancil praptane | pan anèng lawang sudhung | nuju cèlèng andarbe bayi | tan ana rowangira | kancil alon muwus | hèh cèlèng ingsun atanya | apa datan adarbe laki sirèki | gonira abêlihan ||

4. dene nora nana kang ngadhêpi | anèng sudhung dene amamêlas | cèlèng kagèt ing swarane | cèlèng nolèh ing pungkur | aningali dhatêng sang kancil | asrêp ing manahira | anulya sumaur | kancil yèn sira atanya | lakiningsun apan sampun angêmasi | anèng têngahing wana ||

5. pan pinangan macan gembong dhingin | lah mulane ingsun kari dhawak | tanpa rowang ingsun kiye | mila kawêlasayun | ingsun darbe anak pribadi | tan ana kang uninga | anèng jroning sudhung | balikan ta pêkênira | dene prapta sira anèng sudhung mami | paraning karsanira ||

6. punang kancil alon anauri | wruhanira mila ingsun prapta | dèn utus ing gusti ingong | Nabi Suleman agung | ingsun kinèn amariksani | sajroning wanawasa | jêmbare sêdarum | lan kinèn atêtulunga | iya marang satu kewan ing wonadri | ingkang datan raharja ||

7. ingsun kinèn atêtulung sami | milaningsun praptèng ngarsanira | sang cèlèng alon ujare | lah iya sokur sèwu | lamun arsa tulung sirèki | iya marang manira | dene kawlas ayun | sang kancil [ka...]

--- 21 ---

[...ncil] ayon[11] angucap | lah ta pira anakira kabèh iki | cèlèng alon angucap ||

8. mung sawêlas anak ingsun iki | kancil ngucap dene têka kathah | kongsi sawêlas anake | lah iya luwih săkur | ingsun milu angaku siwi | besuk lamun agêsang | cèlèng wadon muwus | lah iya sakarsanira | sokur urip pan ingsun darma ngêloni | sira ingkang pêputra ||

9. padha-padha besuk angingoni | sêprandene tan adarbe bapa | sira dadi gagêntine | kancil alon amuwus | ingsun uga tan darbe siwi | mila ngêmpèk ing sira | cèlèng alon muwus | yèn mêngkono kancil sira | aja tanggung gonmu atulung ing mami | ingkang têrus ing nala ||

10. kancil angling ya aja kuwatir | sun rewangi angulati pangan | cèlèng abungah manahe | alon dènira muwus | yèn mêngkono ta sira kancil | tunggunên anak ingwang | anèng jroning sudhung | ingsun angulati pangan | aja sira lunga-lunga kancil dhingin | yèn nora ingsun prapta ||

11. kancil angling lungaa dèn aglis | sun tunggune iya anakira | nanging aja suwe-suwe | mênèk nangis anakmu | tan antara kesah tumuli | cèlèng ngulati pangan | kancil ingkang tunggu | anake cèlèng dèn wilang | nyata lamun sawêlas anake gênjik | kang siji pinatenan ||

12. tinindhih anèng ngisor pribadi | kancil sigra mêdal anèng lawang | gênjik nangis ting caruwèt | cèlèng anulya rawuh | praptèng sudhungira tumuli | alon dènira ngucap | pagene sirèku | kancil amênêng kewala | dene kongsi anak ingsun padha nangis | kancil alon angucap ||

13. apan ingsun durung pati bangkit | mila ingsun amênêng kewala | mara susonana age | cèlèng nulya malêbu | anakira dipun susoni | amung kari sêdasa | ingkang siji lampus | kêtindhihan gênjik kathah | cèlèng ngucap hèh pagene kancil iki | anakku siji pêjah ||

14. kancil angling ingsun tan udani | ingsun iki nèng jaba kiwala |

--- 22 ---

dene mau maksih rame | ingsun nora andulu | lamun ana ingkang ngêmasi | wau gênjik sawêlas | siji ingkang lampus | sayêkti nora katara | cèlèng ngucap lah iya dimène mati | kancil nora ngapaa ||

15. mêngko maning lamun padha nangis | ingsun tinggal angulati pangan | sira sasabana bae | godhong katuwèr iku | dimèk padha mênêng anangis | cèlèng anulya kesah | kancil anèng sudhung | anak cèlèng pinatenan | ingkang loro dadi wolu ingkang mêksih | anulya sinasaban ||

16. cèlèng ngucap hèh pagene kancil | kancil mêdal wus praptèng ing lawang | tan dangu cèlèng praptane | kancil pi-api ngantuk | cèlèng ngucap pagenerèki | kancil ngantuk lênggutan | tan arsa aturu | sang kancil alon angucap | mênèkane anakira padha nangis | padha mênêng kewala ||

17. saungkurmu iya padha nangis | iya amung sadhela kewala | sun ngambil godhong katuwèr | sun sasabakên iku | dadi mênêng nora anangis | dèn age susonana | cèlèng manjing sudhung | anakira sinusonan | amung wolu kathahira ingkang gênjik | ingkang kêkalih pêjah ||

18. cèlèng ngucap hèh pagene kancil | anak ingsun loro ingkang pêjah | sang kancil alon wuwuse | pan ingsun nora wêruh | mau maksih jangkêp sêdèsi | pan ingsun nora wikan | yèn ana kang lampus | dene ingsun anèng jaba | anakira mênêng nora nana nangis | mila sun enak-enak ||

19. cèlèng ngucap lah ta kancil uwis | kari wolu besuk papat sewang | kancil sira lawan ingong | kancil alon amuwus | lah ta iya karsanerèki | cèlèng anulya kesah | kancil anèng sudhung | gênjik pinatenan papat | kari papat anulya dipun sasabi | kancil anulya mêdal ||

20. anèng lawang api-api guling | cèlèng prapta nèng sudhung sêmana | kancil api-api kagèt | cèlèng alon amuwus | dene [de...]

--- 23 ---

[...ne] turuta sira kancil | kancil alon angucap | mulane sun turu | iya kongsi enak-enak | anakira tan ana abane nangis | padha mênêng kewala ||

21. dadi enak gon ingsun aguling | lah dèn age sira susonana | sang cèlèng malêbu age | nusoni anakipun | cèlèng kagèt dènya ningali | dene anake papat | gênjik ingkang lampus | papat kang mêksih agêsang | cèlèng ngucap hèh kancil anakmu mati | papat kang maksih gêsang ||

22. eman-eman anakira kancil | dene uwis gêdhe-gêdhe padha | kancil api-api kagèt | asru dènira muwus | pagenea padha ngêmasi | ya mau maksih gêsang | ingsun tinggal turu | dene kongsi mati papat | apa silih dèn pangan dhingkêl ing nguni | ingsun datan anduga ||

23. cèlèng ngucap wis bêjamu kancil | ngêmpèk anak pan lagi sapisan | dene padha mati kabèh | wis kancil aja ngungun | ingkang papat mênawa urip | lah iya roro sewang | kancil alon muwus | pan ingsun nora anduga | ingsun cêglik prandene bisa ngêmasi | bêjane awak ingwang ||

24. kudu nora arsa asêsiwi | cèlèng mujar lah kancil karia | ingsun luru pangan manèh | kancil kari nèng sudhung | cèlèng kesah ngulati bukti | gênjik kang kari papat | pinatenan sampun | kancil wus mêdal ing jaba | sudhungira anulya dèn obrak-abrik | sinome dèn balengkrah ||

11. Sinom

1. pan kadya tilasing macan | punang sudhung dèn bukrahi | sang kancil anuli kesah | pan akêbat lampahnèki | cèlèng datan udani | eca mêmangan neng gunung | kancil sampun atêbah | pêlayune sipat kuping | munggah arga tan ana ingkang uninga ||

2. lêstari ing lampahira | sigêgên kancil rumiyin | cèlèng malih kang kocapa | sawuse ngulati bukti | wangsul pêrnahinèki | kagèt dulu sudhung rubuh | kancil datan katingal | cèlèng garjitèng ing galih | binalengkrah anake sêkawan pêjah ||

3. apan samya tinindhihan | cèlèng

--- 24 ---

amicorèng galih | apa silih anak ingwang | dèn patèni mring si kancil | dene kabèh ngêmasi | nora duga têmên ingsun | lamun dèn pangan macan | sayêktine nora kari | iki baya si kancil ingkang acidra ||

4. tan wurung sun walês sira | ing ngêndi gonmu kêpanggih | pêsthi sun patèni sira | hèh kancil dèn ngati-ati | cèlèng runtik ing galih | amung kancil kang kadulu | anulya ingulatan | akêbat dènya lumaris | pan tinurut kancil ambune kewala ||

5. mila minggah anèng arga | anut ambune sang kancil | awêtara tigang dina | cèlèng gènira lumaris | kocapa punang kancil | lèrèn anèng pinggir sumur | angantuk alênggutan | sangking arip netranèki | tan uninga lamun cèlèng ingkang prapta ||

6. sang kancil kagèt anjola | cèlèng nubruk dèn inggati | kancil asru dènya ngucap | pagene cèlèng sirèki | anubruk marang mami | baya sira wuru gadhung | lali mring awak ingwang | cèlèng asru dènya angling | lah nututa kancil sun patèni sira ||

7. dene sira luwih cidra | kancil alon anauri | lah ta iki basakêna | jamake takon ta dhingin | nadyan arsa matèni | yèn katrap pêrkaranipun | dene durung atanya | ujug-ujug amatèni | sok gêlêma lah iya salahe apa ||

8. sênadyan ingsun matia | yèn wis têmtu kang pêrkawis | ingsun tan rumăngsa dosa | dene arsa dèn patèni | cèlèng asru nauri | hèh kancil pagenerèku | matèni anak ingwang | sang kancil asru nauri | basakêna cèlèng ingkang kaya sira ||

9. pan nora ngantos ing warta | jamake atakon dhingin | mulane anakmu pêjah | macan gembong kang matèni | aran ingsun wong siji | lawan cilik awak ingsun | macan gêdhe adawa | ingsun tan wani abali | pêsthi ingsun lumayu rêbut kuripan ||

10. dene arsa pinêjahan | marang macan gembong mami | măngsa ta nulia anak | pêsthi lumayu pribadi | mulane sun antèni | cèlèng anèng pinggir sumur | ingsun [ing...]

--- 25 ---

[...sun] sêdya aminggat | măngsa nusula sirèki | dene ingsun eling maring kabêcikan ||

11. cèlèng asru dènya ngucap | apa têmên sira kancil | sira nora asikara | iya lawan anak mami | kancil asru nauri | dobola sêpuluh windu | cèlèng kang kaya sira | muga gêlisa ngêmasi | cèlèng ngucap pagene nora dèn pangan ||

12. anak ingsun marang macan | dene tininggal ngêmasi | yèn macan ingkang sikara | sayêkti dèn pangan sami | kancil alon nauri | dene si macan kasusu | amburu marang ingwang | pan arsa dipangan dhingin | lah mulane anakmu padha dèn tinggal ||

13. nanging ingsun tan kêcandhak | yèn nora pêrcaya bêcik | lah apa sakarêpira | arsa matèni mring mami | cèlèng asru nauri | pan iya sun gawe liru | marang anak ngong pêjah | kancil alon anauri | lah ta mara pan ingsun nora lênggana ||

14. lah apa sakarsanira | nanging sira sun tuturi | yèn arsa mangan maring wang | pan ingsun adarbe adhi | rupane kaya mami | mêngko anèng jroning sumur | iku panganên pisan | amêmêlas marang mami | nadyan pêjah barênga lan ariningwang ||

15. sang cèlèng asru ngucap |[12] lah ta iya luwih bêcik | dèn age tuduhna ingwang | marang arènira ugi | nulya barêng lumaris | wus prapta ing pinggir sumur | kancil alon angucap | mara ta cèlèng dèn aglis | arèningsun dhingin ingkang sira pangan ||

16. ingkang angèl dhinginêna | gampang kang kaya wak mami | têlungane awak ingwang | kang angèl panganên dhingin | sun iki ja kêpak-kêpik |[13] agampang kaya wak ingsun | cèlèng anulya sigra | pinggir sumur dèn tingali | jinongkongkên cèlèng gêbyur pan kasmaran ||

12. Asmaradana

1. sang kancil sigra lumaris | nêrajang ing wanawasa | sigêgên kancil lampahe | punang kancil anêng marga | angadhêpi ta ika | sarwi ngantuk lênggut-lênggut | macan gembong sigra prapta ||

2. macan gembong sigra angling | hèh kancil sira acidra | pêsthi mati dene [de...]

--- 26 ---

[...ne] ingong | kanci[14] sêndhu saurira | hèh macan tan wikan sira |[15] matamu nora andulu | pan iki sêngkêran nata ||

3. sang kancil alon nauri | yèn sira datan uninga | lah ta iki jênang dodol | darbèke Nabi Suleman | kinèn anunggu ingwang | milane sun lênguk-lênguk | ngiras anganti ing sira ||

4. macan gembong anauri | lah ta iku jênang apa | kancil dene têka akèh | sang kancil alon angucap | yaiku jênang pêthingan |[16] tan kêna dèn arubiru | macan gembong alon ngucap ||

5. kancil sun jaluk sathithik | ngêlih têmên wêtêng ingwang | lawan ingsun nora badhog | kancil lamun sira wêlas | marang ing awak ingwang | sang kancil anyêntak asru | pan sarwi ngucap mêngkana ||

6. apan ingsun nora wani | yèn ingsun wèwèh mring sira | wêdi têmên awak ingong | mring Kangjêng Nabi Suleman | mênawi dinukanan | ingsun wong kinèn anunggu | iku jênang papêthingan ||

7. pan durung kalong samênir | sun pêlaur nora mangan | iku pan lagya dèn êpe | utawa lamun kalonga | ingsun amanggih duka | dene sira parikudu | macan arsa mangan jênang ||

8. lah ta sira sun tuturi | aran wong kêpingin sira | nanging êntèkêna kabèh | nadyan ingsun dinukanan | marang Nabi Suleman | enak gon ingsun sumaur | marang Jêng Nabi Suleman ||

9. ananging sun lunga dhingin | aja gèmèk sira pangan | mêngko ingsun yèn wis adoh | lah iya sira pangana | lah sira êntèkêna | têlungane awak ingsun | wus tuwuk ngadhêp kewala ||

10. macan gembong alon angling | lah iya sakarsanira | kancil pamit lèngsèr age | apan sarwi amamêkas | dèn sabar sira macan | yèn ingsun wis tan kadulu | lah iya sira pangana ||

11. sang kancil lumayu gêndring | wus silêm datan katingal | ri sêksana macan gembong | pan arsa amangan jênang | dupi arsa dèn pangan | dèn ingus-ingus adangu | mambu talêpong maesa ||

12. macan gembong mundur aglis | tan pêrcaya dipun cakar | nyata kêlamun talêpong | macan [maca...]

--- 27 ---

[...n] amicorèng nala | nyata si kancil edan | nora pindho kaping têlu | gone ngapusi lan ingwang ||

13. mêngko yèn katêmu maning | puluh-puluh kancil sira | nora mati ingsun badhog | macan gembong duk sêmana | anusul lampahira | sêksana minggah ing gunung | tumurun anèng jêjurang ||

14. angulati marang kancil | ananging datan kapêdhak | kalunta-lunta lampahe | sigêgên datan winarna | macan gembong sêmana | gêntia ingkang winuwus | nênggih banthèng lampahira ||

15. angulati dhatêng kancil | anjarah sakèhing arga | tumurun ing jurang pèrèng | sangking runtiking wardaya | mila kalunta-lunta | banthèng dènira angluru | dhatêng sang kancil sêmana ||

16. ing wana dipun idêri | kathah garumbul binukak | sakèh guwa dipun longok | sangking kurdane wardaya | punang banthèng sêmana | tumurun sangking ing gunung | kancil ingkang kawarnaa ||

17. awas dènira ningali | dhatêng punang sarpa sawa | wêtawis sapucang gênge | ngêringkêl lagi anendra | tan ana kang uninga | kadya cindhe ulêsipun | yèn tinon sangking măndrawa ||

18. pan anèng ngandhaping êpring | ri sêksana pinaranan | tan dangu prapta pêrnahe | kancil amicorèng nala | baya lagi anendra | ula tan wikan maring sun | dene têka gêdhe dawa ||

19. mendah ta waniarèki | ula sawa ingkang nendra | lah iya sun tunggonane | ngiras angaup wak ingwang | anèng ngisor papringan | dene adhêm ênggènipun | silir-silir enak mana ||

20. kancil anulya mêlangkring | sarwi ngantuk alênggutan | kêsaru banthèng praptane | sang kancil kagèt anjola | dene banthèng wus prapta | kancil amicorèng dangu | sun sapane dhingin ika ||

21. anulya sinapa aglis | banthèng sira sêlamêtan | dene prapta anèng kene | banthèng asru wuwusira | hèh kancil pêkênira | angapusi lawan ingsun | ing mêngko bilai sira ||

22. nora wurung sun patèni | sang kancil alon angucap | sira iku buh jawane | uluk-uluk lagi prapta | jamake atetanya [ateta...]

--- 28 ---

[...nya] | têka garita-garitu | ingsun arsa pinatenan ||

23. wong dèn sapa bêcik-bêcik | muring-muring pandêlêngan | nora nana tarimane | jamak ora takon warta | iya marang manira | sang banthèng asru amuwus | dene sira kongsi lama ||

24. kancil nora nana prapti | pan ingsun angarsa-arsa | sang kancil alon wuwuse | milane ingsun alama | hèh banthèng wruhanira | lagya anganti ta ingsun | mring gusti Nabi Suleman ||

25. yèn nora pracaya iki | iya lawan awak ingwang | lah ta iku pêningsête | pan ingsun kinèn ajaga | paningsêt naga sarpa | mila ingsun kongsi dangu | nora nêmoni mring sira ||

26. lawan kinèn anjagani | gamêlan amung sêrancak | Nabi Suleman kang duwe | lah dèn age rungokna |[17] anèng luhur manira | sang banthèng sarêng angrungu | sang kancil ujar mangkana ||

27. lawan suwaraning êpring | katiyup ing samirana | pinirsa pating galêrot | banthèng angalêm ing nala | dhatêng kancil sêmana | wus ilang runtiking kalbu | dadya lêjar wuwusira ||

28. lah ta iya ingsun kancil | wus pêrcaya marang sira | ingsun anut saujare | sang kancil alon angucap | Kangjêng Nabi Suleman | pan ing mêngko lagi adus | apan arsa asêmbayang ||

29. pan ing mêngko lamun prapti | lah iya padha atanya | ing mêngko padha anane | banthèng sira lawan ingwang | iya sakarsanira | kancil kêpingin wak ingsun | darbe sabuk kang mêngkana ||

30. apa awèh ingsun silih | iku sabub[18] nagasarpa | sang kancil alon wuwuse | hèh dene têka agampang | pan nora wani ingwang | nganggokake sabuk iku | mênèk ingsun dinukanan ||

31. mring kangjêng nabi ing nguni | pan ingsun ajrih kalintang | sabuk akathah argane | banthèng alon wuwusira | ingsun nyilih sadhela | lah ta kancil nora dangu | pan amung sakêdhap uga ||

32. kinarya tombak kêpingin | sang kancil asru anyêntak | tan kêna dèn emutake | lamun parikudu sira | mring sabuk naga sarpa | nanging poma wêkas ingsun | dèn angati-ati sira ||

--- 29 ---

33. nanging sira ingsun janji | ing mêngko sira anggawa | yèn wis adoh awak ingong | aja kongsi kauningan | marang Nabi Suleman | wêdi têmên awak ingsun | aja andhandhang pêrkara ||

13. Dhandhanggula

1. mênèk ingsun mêngko dèn dukani | iya marang Jêng Nabi Suleman | mila poma wêkas ingong | banthèng marang sirèku | mêngko lamun wis adoh mami | sabuk sira anggawa | sang banthèng amuwus | lah iya kancil lungaa | tan antara wus kesah kang punang kancil | kêbat pêlayunira ||

2. munggah marang aldaka kang inggil | kancil silêm datan katingalan | pan amêmêt pêlayune | sigêgên tan winuwus | banthèng ingkang kocapa malih | pan arsa anganggoa | sabuk sarpa agung | duk samana dipun bringkal | pan anuju kang punang sarpa anglilir | banthèng kagèt anjăla ||

3. ri sêdhênge sarpa galak ugi | mulat banthèng sinaut sêksana | panuju banthèng githoke | ya ta pinulêt asru | salirane banthènge bêkir | apan tan bisa polah | amicorèng kalbu | nyata lamun kancil ala | nora pisan kaping pindho awak mami | pinêsthi ingsun pêjah ||

4. ênêngêna kang banthèng rumiyin | kang kocapa macan gembong ika | kalunta-lunta lampahe | anusup ing wăna gung | datan ana ingkang kaèksi | amung kancil kewala | yèn katêmu besuk | datan wurung sira pêjah | pinêsthine yèn sira mati ing mami | kacêkêla maring wang ||

5. nulya kêpapat marang wêdhus siji |[19] macan ngucap sang wêdhus ta sira | dene katêmu nèng kene | wus lawas ingsun luru | wêdhus sira pêsthi bilai | hèh sira ingsun pangan | wêdhus prucul muwus | ya pagene macan sira | arsa măngsa kalawan wak ingsun iki | ingsun măngsa gêlêma ||

6. macan ngucap pagene sirèki | nora arsa wêdhus ingsun pangan | nora rumăngsa ta kiye | yèn utang lawan ingsun | lan wong tuwa-tuwanerèki | lah kabèh kapotangan | mring wong tuwaningsun | wêdhus prucul pan [pa...]

--- 30 ---

[...n] angucap | lah ta bênêr ujarmu macan mring mami | ananging mêksih salah ||

7. ya salahmu macan mung sathithik | ingkang pêsthi dadi panganira | wêdhus kang ana sungune | ingsun tan darbe sungu | dene têka arsa dèn bukti | ingsun măngsa gêlêma | macan asru muwus | gêlêma nora gêlêma | sira arsa lumayu mring ngêndi maning | pêsthi sira kêcandhak ||

8. kadar pira rosanira kambing | dene sira tan arsa sun pangan | wêdhus pêrucul wuwuse | lah êndi sunguningsun | ulatana macan dèn aglis | ya dadya sira pangan | yèn wis darbe sungu | macan asru dènya ngucap | sungunira sun titipakên ing nguni | marang mênjangan lanang ||

9. sun tèmpèlkên marang sungunèki | wêdhus ngucap ingsun tan tarima | mara jalukên dèn age | lamun tan arsa jaluk | lah ta payo macan dèn aglis | ngulati kabênêran | macan alon muwus | lah payo sun iring sira | tan antara wus sami nulya lumaris | wêdhus kalawan macan ||

10. sêdyanira sami angulati | kabênêran menda lawan macan | tan winarna ing lampahe | kancil ingkang winuwus | pan anuju lagya mêlangkring | anèng ngandhaping wraksa | apan sampun dangu | kasilir ing samirana | kancil ngantuk anèng ngandhaping waringin | kêsaru ingkang prapta ||

11. wêdhus macan anèng ngarsanèki | kancil enak angantuk kewala | dene kêlangkung aripe | tan wruh yèn ana tamu | macan wêdhus apan sirèki | age sira takona | marang ingkang ngantuk | wêdhus pêrucul angucap | ingsun wêdi anggugah kang lagya guling | mênèk kagèt ing nala ||

12. têmah ingsun mêngko dèn dukani | bêcik padha anganti kiwala | lah ta iya sêtangine | kancil sarêng angrungu | ing ujare menda anênggih | kancil micorèng nala | lamun tangi ingsun | pêsthi dèn pangan ing macan | bêcik ingsun api-api turu maning | dimèk aja dèn gugah ||

13. ri sang kancil api-api guling | pan adangu macan lawan menda | anganti kancil tangine | macan asru amuwus | kaya ngapa wêdhusirèki | dene

--- 31 ---

kongsi alama | nganti ingkang turu | wêdhus pêrucul angucap | dene sabar ing mêngko sadhela maning | aja kasusu sira ||

14. mêngko lamun uwis dèn bênêri | apa ingkang dadi karsanira | pan ingsun anurut bae | kang ngapi-api turu | tan antara nulya anglilir | apikagèt ing nala | asru dènya muwus | lah ta iku baya sapa | angregoni marang gon ingsun aguling | dene tinggal dêduga ||

15. macan angling lah mara dèn aglis | sumaura menda pêkênira | wêdhus asugal ujare | iya jamak sirèku | kang sumambung dipun takoni | dangu diya-diniya | kancil asru muwus | pagene diya-diniya | jamak ora sumaur wong dèn takoni | macan asru angucap ||

16. lah ta mara wêdhus dipun aglis | sumaura wêdhus ujarira | sira sumaura dhewe | pan datan bisa ingsun | kayaparan gonku nauri | kancil asru anyêntak | hèh wêdhus pêrucul | baya sira arêp apa | ting garundêl kaya sêmut dèn uyuhi | binatang kurang ajar ||

17. samya ajrih macan lawan kambing | dadya sarêng sumaur sêmana | sang kancil anyêntak manèh | dene barêng sumaur | jamak ora sawiji-wiji | dadi kêna pinirsa | ingsun nora bingung | wêdhus pêrucul angucap | wis ta macan ingsun kang sumaur dhingin | macan sira mênênga ||

18. nulya wêdhus pêrucul nauri | milaningsun praptèng ngarsanira | arsa têtakon jatine | iya marang sirèku | lah ta sapa aranirèki | lan apa lungguhira | kancil asru muwus | yèn sira takon maring wang | iya ingsun ingkang aran raja kancil | lah iya wruhanira ||

19. iya lamun sira nora uning | sun dutane Jêng Nabi Suleman | wêdhus pêrucul ujare | mulane ingsun rawuh | arsa jaluk ing adil mami | dèn age bênêrana | kancil asru muwus | lah iku pêrkara apa | dene macan arsa padu lawan kambing | age sira tutura ||

20. mêngko ingsun ingkang ambênêri | wêdhus ngucap dene awak ingwang | nèng têngahe alas gêdhe | ingsun ngulati sungu | apan kongsi satêngah sasi | sungu nora kapêdhak | wusana [wu...]

--- 32 ---

[...sana] wak ingsun | pan arsa dipangan macan | macan iku ingkang simpên sungu mami | dèn age adilana ||

21. macan nulya sumaur alirih | lah ta iya sungune si menda | ing mêngko sun titipake | anèng mênjangan kakung | mila wêdhus arsa sun bukti | dene nèng têngah wana | dede ênggonipun | lamun wêdhus anèng ngalas | iku pêsthi yèn dadi panganan mami | nora kêna suminggah ||

22. lawan dhingin wong tuwane kambing | kêpotangan mring wong tuwaningwang | wêdhus pêrucul ature | iya bênêr sirèku | lamun sunguningsun pinanggih | hèh kancil kayaparan | babênêranipun | sang kancil alon angucap | nanging bênêr tuturira marang mami | si pucung ingkang salah ||

14. Pucung

1. dene macan arsa mangan marang wêdhus | iku bênêr uga | dene wêdhus nèng wănadri | jamak ora wêdhus anèng pêkarangan ||

2. lamun wêdhus anèng têngahing wăna gung | dudu ênggonira | nanging macan salahnèki | anyimpêni marang sungune si menda ||

3. lah ta uwis mêngko sun bênêri iku | aja garêjêgan | tan ana kawusanèki | dene ingkang dadi babênêran ingwang ||

4. baburona iya macan lawan wêdhus | pêsthi macan sira | ngulihakên sungu kambing | adil ingwang wêdhus dèn pangan ing macan ||

5. lamun macan iya kalah lawan wêdhus | pêsthi macan sira | ngulihakên sungu kambing | lah ta mara aja na diya-diniya ||

6. ingsun iya anêksèni mring sirèku | macan langkung bungah | dene sampun dèn adili | punang menda kêlangkung maras ing nala ||

7. yèn ngucapa pêsthi kalah awak ingsun | baburon lan macan | lah sêpira kêbat mami | macan ngucap mara wêdhus dèn akêbat ||

8. apa sira ingkang lumayu karuwun | apa silih ingwang | ingkang lumayu kariyin | wêdhus ngucap lah iya mêngko lon-lonan ||

9. mêksih panas lah iya aja kasusu | jatine kang menda | pan èsmu maras ing galih | mulanira asêmoya punang menda ||

10. kancil ngucap ana dene karêp ingsun | macan pêkênira | ingkang [ing...]

--- 33 ---

[...kang] lumayua dhingin | angetana dimèk dèn buru si menda ||

11. kancil ngucap ana dene karêp ingsun | macan pêkênira | ingkang lumayua dhingin | angetana dimèk dèn buru si menda ||[20]

12. lah ta iya sira si wêdhus pêrucul | sira angulona | ingsun ingkang anêksèni | macan ngucap pagene ingsun angetan ||

13. wêdhus ngulon măngsa ta bisa katêmu | sang kancil anyêntak | pagene nora kêpanggih | padha uga lah iya pêlayunira ||

14. lah ta iya nuli barênga lumayu | aja kêlayatan | ingsun ingkang anêksèni | nulya kêbat macan lumayu mangetan ||

15. wêdhus ngulon akêbat pêlayunipun | jujuk pêkarangan | dadya tan panggih-pinanggih | latah-latah kancil angalih panggonan ||

16. kang kocapa macan kang kêbat lumayu | dêdêl pan angetan | awêtara wus atêbih | nulya laryyan macan anolih ing wuntat ||

17. punang menda pêrucul nora kadulu | amicorèng nala | dene nora anututi | pijêr apa wêdhus pêrucul ta sira ||

18. dene ingsun wis adoh nora dèn buru | angêntèni apa | macan aglis dènya bali | yèn dèn rasa manahe nora sakeca ||

19. nadyan kancil ing besuk lamun katêmu | nora wurung sira | ing besuk ingsun jajuwing | sun kakêmah lawan bêbalunge pisan ||

20. anèng ngêndi gonira wêdhus pêrucul | macan nulya kesah | sêdya angulati kambing | tan winarna macan ingkang angupaya ||

21. marang menda pan nora têmu-tinêmu | gênti kang kocapa | kang pêksi darès anênggih | bêbesanan lawan bêluk urun lanang ||

22. nanging maksih pêrdondi gènnya mêmantu | kang dadya pêrkara | dene têtukonirèki | milanira mêksih pêrdondi kewala ||

23. pêksi darès jaluk tukon desa suwung | apan sinanggupan | marang pêksi bêluk iki | sinêmayan ing besuk akiring jaman ||

24. datan arsa pêksi darès karsanipun | tukon sinêmayan | dadya pêksi darès angling | lah ta payo

--- 34 ---

angulati kabênêran ||

25. nulya kesah pêksi darès lawan bêluk | kancil kawarnaa | nèng ngandhaping kayu cangkring | madhêp ngetan godhonge cangkring dèn wilang ||

26. lagya angsal pêpalih gènnya angitung | kêsaru kang prapta | nênggih ingkang pêksi kalih | anèng ngarsa kancil nênggih tan uninga ||

27. eca dènya angitung madhêp mandhuwur | bêluk alon ngucap | alim dalêm ingsun kancil | apijola kancil kagèt ing wardaya ||

28. pan anyêntak si kancil gènnya sumaur | hèh pagene sira | bêluk angagèt-agèti | nora nganggo lon-lonan dènya angucap ||

29. kongsi lali ing mêngko gèn ingsun ngitung | nora wurung ingwang | ing mêngko dipun dukani | iya marang Jêng Gusti Nabi Suleman ||

30. pêksi bêluk alon dènira amuwus | anjaluk apura | lah ta iya sisip mami | bokmênawa ing besuk sapungkurira ||

15. Pangkur

1. bisa amalês ing sira | kabêcikan sira marang ing mami | sang kancil asru amuwus | lah apa karyanira | sira prapta bêluk anèng ngarsaningsun | mula kancil ingsun prapta | iya anèng ngarsanèki ||

2. pêksi darès alon mujar | sêjatine jaluk adil wak mami | iya marang ing sirèku | kancil alon angucap | adil apa pêksi bêluk alon muwus | mapan ingsun bêbesanan | lawan darès urun èstri ||

3. ingsun ingkang urun lanang | pêksi darès jaluk kalawan mami | iya tukon desa suwung | nanging ingsun sêmaya | pêksi darès ora dadi karsanipun | kudu jaluk kakêncengan | tan kêna dèn sumayani ||

4. sang kancil alon angucap | dene lancang bêluk ujarirèki | sanggup awèh desa suwung | lan maning apa ana | pêksi darès bêbesanan lawan bêluk | iku lamun kêlakona | pan dadi sangaring bumi ||

5. dene bêbênêran ingwang | wurungêna aja banjur sirèki | ingkang dadi jodonipun |[21] darès kêlawan grendan | pêksi bêluk abesan padhaning bêluk | besuk lamun anak-anak | dadi

--- 35 ---

padha rupanèki ||

6. pan dadi nora sulaya | lamun darès sida bêbesan benjing | iya lawan pêksi bêluk | dadi anake benjang | abang putih dadi bêlorok ing besuk | dèn arani manuk apa | pêsthi ewuh kang ngarani ||

7. lah uwis padha muliha | wurungêna gonmu babesan ugi | lawan ingkang desa suwung | ingsun măngsa awèha | pêsthinipun dinukanan gustiningsun | iya Jêng Nabi Suleman | lamun ana desa sêpi ||

8. dene ingsun ingkang jaga | dadya pêksi kalih mundur tan pamit | wurung gènnya amêmantu | mulih sowang-sowangan | kang kocapa sang kancil alit lumaku | ngulon bênêr lampahira | tan kandhêg dènya lumaris ||

9. pan angambah wanawasa | jurang sêngkan ingkang dipun lampahi | kocapa sang kêbo danu | pan arsa amêmăngsa | anèng wana kewuhan ing manahipun | gènira arsa mêmangan | milane èwêt ing galih ||

10. gènnya mangan gêgodhongan | sêlamine datan marêm ing galih | milane sang kêbo danu | pan arsa mangan kewan | ngolang-ngaling anèng sangandhaping gunung | dupi angsal pitung dina | kêbat awas aningali ||

11. akêpering kidul wetan | ana kancil anulya dèn parani | kancil akêbat lumayu | lampahnya kadya kilat | tinututan dhumatêng sang kêbo danu | kancil sayah nulya laryyan | anèng ngandhaping waringin ||

12. pan sarwi madhêp mangetan | api-api milang wohe waringin | siji loro loro têlu | wis têlu nuli papat | papat lima lima nênêm pitu wolu | wolu sanga nuli prapta | kêbo danu anèng wuri ||

13. sang kancil kagèt anjăla | asru ngucap pagene ta sirèki | prapta anèng wuriningsun | dene ngagèti sira | kongsi lali mau gon ingsun angitung | nora wurung mêngko ingwang | dèn dukani gusti mami ||

14. iya Jêng Nabi Suleman | kaya paran ing mêngko polah mami | kêbo danu alon muwus | kancil arsa sun pangan | kancil ngucap hèh

--- 36 ---

sira sang kêbo danu | kaya paran ujarira | arsa mangan marang mami ||

15. dene ta agampang mana | enak-enak iya atimu iki | dumèh sira kêbo danu | gêdhe adhuwur sira | arsa mangan iya marang awak ingsun | sok uga ingsun gêlêma | tan ana salahe ugi ||

16. wong nora angrungu warta | kêbo danu ingkang kaya sirèki | wruhanira kêbo danu | Kangjêng Nabi Suleman | pan ing mêngko arsa tindak ing wana gung | angundhangi buron alas | gêdhe cilik nora kêni ||

17. arsa kinèn angitunga | sarupane wowohan ing wonadri | sapa kang kèri ing besuk | sayêkti pinêtenan | ingsun kinèn angundhangana karuwun | pan ingsun uwis alawas | ngulati buron wonadri ||

18. lah iya durung kapêdhak | lah mulane ingsun milang pribadi | aja dadi dukanipun | Kangjêng Nabi Suleman | besuk lamun prapta anèng wana agung | mêngko ingsun lagi milang | sira gêtak saking wuri ||

19. kongsi lali tan karuwan | lah ta uwis ingsun nora udani | sun têmpuhakên sirèku | kêbo danu angucap | lagi pira kancil gonira angitung | kancil asru dènya ngucap | lah êmbuh nora udani ||

20. pan ing mau wis akathah | ingsun milang marang wohing waringin | sira gêtak saking pungkur | dadi nora karuwan | pan ing mêngko lamun prapta gustiningsun | paran gon ingsun matura | kêbo danu langkung ajrih ||

21. angrarêpa ujarira | lah ta uwis kancil aja baribin | mêngko ingsun kang angitung | sira anutugêna | lakunira mênawa gustimu rawuh | aja kongsi olèh duka | kancil sandi muring-muring ||

22. lah uwis ingsun tan wikan | ingsun arsa ngitung liyane maning | bokmênawa sêlak rawuh | Kangjêng Nabi Suleman | kêbo danu alon dènira amuwus | dèn ngati-ati ta sira | sira lungaa dèn aglis ||

23. sira angitunga liya | ingsun ingkang ngitung wohing waringin | sang kancil asru amuwus | dèn ngati-ati sira | aja kongsi kaliru [kali...]

--- 37 ---

[...ru] gonira ngetung | sang kancil anulya kesah | api-api muring-muring ||

24. ngidul ngulon lampahira | pan akêbat kancil gènnya lumaris | wus silêm datan kadulu | kêbo danu kocapa | pan angitung wohe waringin adangu | dupi angsal kalih dasa | wraksa katêmpuh ing angin ||

25. dadya gingsir tan karuwan | kêbo danu langkung kewran ing galih | dene gonira angetung | tansah nora karuwan | dupi angsal sedasa wraksa tinêmpuh | ing maruta wraksa obah | pan dadya bingaring galih ||

26. tansah amicorèng nala | nora wurung ingsun dipun dukani | dene gon ingsun angetung | sêpuluh têmpuh maruta |[22] dadi ilang kaya apa polah ingsun | gonku milis wohing gurda | tan bisa katêmu iki ||

27. kumpul anèng uwoh kathah | kayaparan mêngko bisane ênting | kêbo danu lênguk-lênguk | anèng ngandhaping wraksa | sakêlangkung gagêtunira ing kalbu | pan wus angsal pitung dina | gènnya mêgat woh waringin ||

16. Mêgatruh

1. kêbo danu tansah amicorèng kalbu | kaya paran polah mami | ing mêngko gon ingsun ngitung | marang uwohing waringin | kongsi pitung dina ingong ||

2. durung olih rong puluh gon ingsun ngitung | sêlak katêmpuh ing angin | bingung têmên atiningsun | kapan gone bisa uwis | goningsun amilang uwoh ||

3. pan adangu kêbo danu lênguk-lênguk | anèng ngandhaping waringin | duk kêsaru praptanipun | macan ingkang angulati | marang sang wêdhus pêrucol ||

4. wus pêpanggih nênggih lawan kêbo danu | anèng ngandhaping waringin | macan asru gènnya muwus | kêbo pagene sirèki | anèng kene monggok-monggok ||

5. kang tinandya kêbo danu alon muwus | milane nèng kene mami | iya kongsi pitung dalu | angitung uwoh waringin | lah si kancil ingkang akon ||

6. dene kancil dèn utus mring gustinipun | Nabi Suleman ing nguni | lah iya kinèn angitung | mulane katêmu mami |[23] tansah bingung atining ngong ||

7. lagi [la...]

--- 38 ---

[...gi] olih sêpuluh gon ingsun ngitung | sêlak katêmpuh ing angin | atuwin oleh rong puluh | kumpul maning woh waringin | bingung têmên atiningong ||

8. macan ngucap hèh ta sira kêbo danu | nora beda lawan mami | ingsun uga kênèng apus | lah iya marang si kancil | sira uga dèn bêbodho ||

9. iya marang kancil ingkang edan taun | kaya ingsun duk ing nguni | arsa mangan marang wêdhus | mulane ingsun ulati | dadya kapiran wak ingong ||

10. nora sida gon ingsun amangan wêdhus | mulane ingsun ulati | si kancil nora katêmu | katêmua sun jajuwing | kancil ingkang edan nglamong ||

11. kêbo danu langkung dènira gagêtun | duk miyarsa ujarnèki | angucap sang kêbo danu | bêcik têmên sira kancil | dene ngapusi wak ingong ||

12. nora wurung mêngko yèn sira katêmu | kancil sira sun jajuwing | lawan bêbalungmu besuk | lah payo macan dèn aglis | padha barèng lawan ingong ||

13. angulati kancil ingkang edan taun | dene bisa angapusi | anulya sami lumaku | sêdya angulati kancil | kêbo danu macan gembong ||

14. manjing wana lampahira jujur gunung | jurang sêngkan dèn lêbêti | kancil pan nora katêmu | sigêgên mangke rumiyin | kancil ingkang winiraos ||

15. anèng wana tan kandhêg gènnya lumaku | ing siyang antarèng ratri | manjing jurang minggah gunung | kancil gènira lumaris | wirandhungan ngidul ngulon ||

16. nulya ana sarpa malang nèng dêlanggung | pan arsa ngulati bukti | satirisan agêngipun | sarpa lanang wêstanèki | anèng ngandhaping kêkayon ||

17. lamun ana bêburon ingkang lumaku | agêng alit ing wonadri | ingkang dadi panganipun | kidang banthèng kang kêpanggih | mundur tan kêna mêrojol ||

17. Durma

1. kawarnaa sang kancil ingkang lumampah | kagèt sarêng ningali | lamun ana sarpa | malang nèng têngah marga | kancil maras ingkang galih | osiking nala | tan wurung ingsun mati ||

2. kaya paran ing mêngko gonku suminggah | mêngkana [mêngka...]

--- 39 ---

[...na] punang kancil | wus adarbe akal | nulya kêbat lumajar | api-api tan udani | mring ula lanang | kêbat pêlayunèki ||

3. dupi parak ing prênahe ula lanang | kancil sinaut aglis | akêbat malumpat | kancil asru angucap | lah ta jamak mêngko dhingin | ula kêparat | nora atakon warti ||

4. ujuk-ujuk arsa mangan ingong liwat | jamak atakon dhingin | kongsi atiningwang | kagèt atêrataban | sarpa lanang asru angling | hèh kancil sira | sun pangan aja mukir ||

5. apa ngarah sira luput ingsun pangan | kancil asru nauri | paran ujarira | dene ta enak mana | apa sira tan udani | arsa kiyamat | iya ing mêngko bêngi ||

6. sira iku pan nora akulak warta | mulane ingsun ugi | akêbat lumajar | dene dèn utus ingwang | iya marang gusti mami | Nabi Suleman | pan kinèn angundhangi ||

7. iya marang sakèhe baburon wana | kinèn angati-ati | mara awasêna | kayon obah sêdaya | mulane sira dèn aglis | agendholana | mênèk kiyamat prapti ||

8. sarpa lanang asru dènira angucap | lah apa têmên kancil | yèd[24] arsa kiyamat | kancil asru angucap | yèn nora pêrcayarèki | marang manira | mara rungokna aglis ||

9. apa ingkang muni gumrênggêng kumrangsak | iku kêbayanèki | sarpa duk miyarsa | angin anêmpuh wraksa | kumêrasak angajrihi | ciptaning nala | sarpa lanang anênggih ||

10. ingaranan nyata kalamun kiyamat | tan wikan lamun angin | dadya sarpa lanang | alon gènira ngucap | kayaparan ingsun kancil | lamun kiyamat | ingsun umpêtan ngêndi ||

11. nora wurung ingsun dèn gawa kiyamat | kancil asru nauri | dèn age bulêta | iya maring wit gurda | ing mêngko ingsun talèni | dimèkne sira | tan bisa obah-usik ||

12. nadyan silih kiyamate aglis prapta | nora gawa sirèki | ya ta punang sarpa | nurut ing manahira | tan wruh lamun dèn apusi [a...]

--- 40 ---

[...pusi] | gêtêr ing manah | kang sarpa mulêt aglis ||

13. anèng wraksa waringin kang punang sarpa | nulya dipun talèni | akukuh tan obah | kancil asru angucap | uwis dèn angati-ati | yèn sida prapta | kiyamat mêngko bêngi ||

14. ingsun ingkang dadi wawêrnining jagad | mêthanthang tur mêthingkring | gêtapan akêbat | ingsun anat[25] Mêkasar | tuwuk ingsun angapusi | pan dudu ingwang | kancil têlu sêdhuwit ||

15. lah dèn age ula sira amburua | yèn arsa mangan mami | ula kurang ajar | lah age ula tampar | mêngkono kang punang kancil | sampun atêbah | nênggih gènnya lumaris ||

16. awêtara wus angsal satêngah căndra | kancil anèng wonadri | ingkang kawarnaa | nênggih ing têngah wana | wontên dênawa sawiji | nèng ngisor gurda | langkung agêng tur inggil ||

17. karyanira punang dênawa mêmăngsa | bêburon ing wonadri | ingkang katingalan | kidang miwah mênjangan | anulya dipun tututi | lamun kêcandhak | kang dadi panganèki ||

18. pan anuju ana mênjangan satunggal | nulya dipun tututi | lumayu akêbat | mênjangan wus kêcandhak | binêtèng ngandhap waringin | arsa dèn pangan | kêsaru kancil prapti ||

19. mulat ana mênjangan dèn pangan buta | nulya dipun parani | dupi sampun prapta | buta datan uninga | lamun ana kancil prapti | nèng wurinira | buta datan udani ||

20. eca dènya amangan kang punang ditya | mênjangan dèn cêkêli | datan bisa obah | kancil wêlas ing manah | kancil amicorèng galih | tan wurung pêjah | iya mênjangan iki ||

21. lamun ingsun nora bisa têtulunga | mamêlas lamun mati | anulya dèn gêtak | dênawa saking wuntat | kêlangkung kagèt ing galih | pan dadya wiwal | ditya gènnya nyêkêli ||

22. sampun ucul kêbat lumayu angithar | ditya nolih ing wuri | kancil wus amapan | ditya arsa anyandhak | kancil aglis anginggati | sarwi angucap | aja kasmaranrèki ||

18. Asmaradana

1. lamun sira tan udani | ditya marang awak ingwang [ing...]

--- 41 ---

[...wang] | lah iya ingsun dutane | Jêng Gusti Nabi Suleman | kinèn anganglang jagad | raja kancil aran ingsun | apa sira tan uninga ||

2. lah ta iya mêngko bêngi | ana banjir bêna prapta | ing alas dèn kêlêm kabèh | parandene enak-enak | sira arsa mêmangan | apa tan wêdi sirèku | iya marang banjir bêna ||

3. sang ditya alon nauri | hèh ta kancil apa nyata | ujarira kang mêngkono | sang kancil asru anyêntak | hèh buta kaya bocah | maido wong tutur-tutur | bêcik modar bêcik ora ||

4. sok uwisa sun tuturi | pan ingsun nora kainan | pêrduli apa wak ingong | sang ditya alon angucap | iya tarima ingwang | gonira atutur tutur | kancil marang awak ingwang ||

5. sawise mêngkono kancil | balik ingkang kaya ingwang | umpêtan ing ngêndi mangko | lamun ana banjir bêna | sang kancil ujarira | êmbuh ingsun nora wêruh | bêcik modar bêcik ora ||

6. pan ingsun nora udani | dene ingsun awêwarta | mapan iya dèn paido | kancil api-api kesah | pan sarwi garundêlan | sêrik têmên atiningsun | mau aja awêwarta ||

7. ingsun nora dèn olihi | tanpa asil awak ingwang | awêkasan dèn paido | punang ditya atut wuntat | sarwi alon angucap | kancil apuranên ingsun | sang kancil asru anyêntak ||

8. êmbuh nora wêruh mami | asil apa awêwarta | dene dorakkên wak ingong | ingsun awêruha pisan | ya marang banjir bandhang | nora sudi tutur-tutur | iya marang dhapurira ||

9. jêr tan kêna dèn wêlasi | sang ditya alon saurnya | apa têmên nora linyok | sang kancil asru angucap | êmbuh buta kaparat | sang aditya alon muwus | hèh kancil sun gugu warta ||

10. kayaparan rêmbugnèki | mau sira duwe akal | pênjalin sun kapakake | risang kancil wuwusira | talèkna gulunira | sêndhal pisan dèn akukuh [aku...]

--- 42 ---

[...kuh] | ditya anurut kewala ||

11. gulune dipun talèni | marang pênjalin sigaran | sang kancil alon wuwuse | lah dèn age sira ditya | mènèka anèng wraksa | mêngko yèn wis praptèng luhur | pênjalin sira talèkna ||

12. marang ujunge pang wringin | kancil nguwuh saking ngandhap | hèh buta kang cêndhak bae | aja pati dawa-dawa | mênawa banjir prapta | dadi nora kênèng banyu | buta pan anut kiwala ||

13. sawise dipun talèni | akukuh tan bisa obah | sang kancil alon muwuse | mara cobanên sadhela | sêpira dhuwurira | mapan ingsun arsa wêruh | ja kongsi timbul ing toya ||

19. Maskumambang

1. ri sang ditya anurut ujaring kancil | nanging tan uninga | lamun arsa dèn apusi | dadya anurut kiwala ||

2. tan antara sang ditya aniba aglis | saking luhur gurda | kancil sênggak sarwi angling | bênêr têmên iku ditya ||

3. punang ditya kasingsêtên gulunèki | kukuh datan obah | saya dangu aningsêti | sang ditya anggêrunjalan ||

4. sarwi mèlèt ilatnya punang rasêksi | ngilêr dulaweran | anètèsi dhatêng kancil | kancil ngucap sarwi giwar ||

5. sidigojok angilêr nètèsi mami | aja kêroncalan | mêngko bisa sira mati | wis age sira mudhuna ||

6. aja suwe ika banjire wus prapti | ditya duk miyarsa | wuwusira punang kancil | langkung ajrih punang ditya ||

7. gêrunjalan sang ditya tan bisa angling | sang kancil anyêntak | dèn kêbat mènèka aglis | banjir bêna pan wus parak ||

8. lamat-lamat ditya dènira miyarsi | dangu karoncalan | pênjalin saya ningsêti | kancil asru giyak-giyak ||

9. hèh si buta nora duga têmên mami | pan kinèn akêbat | banjir bêna sêlak prapti | dene pijêr jêjogetan ||

10. awèh ulat kêbungahên sun arani | kaya dèn alêma | buta edan anak anjing | nora anuli kêbatan ||

11. pijêr mandhêg kaya wong dipun opahi | hèh

--- 43 ---

buta kêbatan | banjire asêlak prapti | aja pijêr jêjogetan ||

12. punang ditya sêmono sampun ngêmasi | nèng luhuring wraksa | gumantung katêmpuh angin | apa dadak bêng-ubêngan ||

13. gêntoyongan anèng êpange waringin | kancil asru ngucap | alahdalah buta baring | dene bisa amêkanjar ||

14. obah dhadha pacak gulu obah sikil | buta kurang ajar | lah mara rêbutên mami | ingsun pranakan Mêkasar ||

15. sugih akal măngsa kayaa sirèki | gêdhe tur adawa | dene kêna sun apusi | dèn age sira nyandhaka ||

16. sun antèni anèng ngisoring waringin | ya ta kang kocapa | ingkang samya angulati | kêbo danu lawan macan ||

17. pan anjajah anèng têngahing wonadri | kancil tan kapêdhak | sêmana awas ningali | sarpa amulêt ing wraksa ||

18. tinalenan anulya dipun parani | wus prapta ing ngarsa | kêbo danu tanya aglis | hèh ta sarpa pêkênira ||

19. apa sira wus lawas anèng wonadri | pagene ta sira | pan akukuh dèn talèni | apa sira lagi tapa ||

20. sapabaya kang nalèni ing sirèki | kang tinanya ngucap | mulane sun dèn talèni | ujare arsa kiyamat ||

21. ingsun wêdi mênawa katut ing angin | nanging wus alawas | gon ingsun anèng wonadri | nganti kiyamat tan prapta ||

22. kongsi ora bisa amêmangan mami | wus satêngah wulan | kancil ingkang analèni | iya marang awak ingwang ||

23. ing sanggupe iya marang awak mami | pan amung sadina | pan ingsun kon ngati-ati | kongsi mêngko durung prapta ||

24. wis tinutur sêdaya ing polahnèki | kêbo duk miyarsa | sarpa lanang wuwusnèki | mêlasasih gula drawa ||

20. Dhandhanggula

1. kêbo ngucap padha lawan mami | dhasar bangêt kancil kaya sira | angapusi mung gawene | hèh sarpa sira iku | sêjatine dipun apusi | pan kadya awak ingwang | iya kênèng apus | payo padha ingulatan | tan antara sarpa sampun dèn uculi | gêgêtun ing

--- 44 ---

wardaya ||

2. dene kongsi kênèng apus mami | marang kancil nulya sarêng kesah | ngulati kancil sêdyane | malêbêt ing wona gung | datan pisah gènnya lumaris | têtiga rêruntungan | macan kêbo danu | tanapi kang sarpa lanang | pan anjajah guwa kang asêpi |[26] miwah ing jurang sêngkan ||

3. pan sêdaya sami dèn ulati | awêtara wus satêngah căndra | gènnya angulati mangko | praptèng ngandhaping gunung | duk sêmana awas ningali | pan ana kayu gurda | agung pan aluhur | ri sêksana pinaranan | saya parak awas dènira ningali | anèng ngisoring gurda ||

4. lamun kancil nèng ngandhap waringin | samya bungah aglis pinaranan | nulya prapta tan na suwe | kancil asru amuwus | andhingini gènira angling | ja kongsi kadhinginan | kancil gènnya muwus | kêbo danu sêlamêtan | lawan macan dene wus lawas sun anti | ing mêngko lagi prapta ||

5. apa sira gawa olih-olih | lah ta êndi olih-olihira | lah ta aja gathung bae | ya ta sang kêbo danu | sakêlangkung ngungun ing galih | lah iki basakêna | hèh kancil sirèku | ingsun olih-olih apa | lah mulane ingsun ngulati sirèki | arsa mangan ing sira ||

6. dene sira dhingin angapusi | iya marang ingsun lawan macan | lawan sarpa katêlune | jajah sakèhing gunung | jurang sêngkan ingsun lêbêti | ingsun ngulati sira | ing mêngko katêmu | lah ta i bejanira |[27] dene bisa sira takon olih-olih | kancil kang kaya sira ||

7. nora wurung sira sun patèni | lan sun pangan ya sêbatur ingwang | kancil api-api kagèt | asru dènira muwus | kayaparan ujar sirèki | dèn age tutugêna | gonira amuwus | dene enak ujarira | arsa mangan karo ingsun dèn jêjuwing | olih urdine sapa ||

8. yèn angucap kaya dèn opahi | si mêngkonok dene enak-enak | pan arsa mangan maring ngong | dumèh gêdhe sirèku | gawa rowang têtêlu maning | măngsa silih oraa | nuli kabrak-kabruk | nuli ingsun dèn sasêmpal [sasê...]

--- 45 ---

[...mpal] | dèn jajuwing dumèh ingsun angapusi | dosaningsun mring sira ||

9. jamak ora wong dipun apusi | sanalika ingsun dèn sasêmpal | pan ewuh apa dhèwèke | dene agêdhe dhuwur | kurang paran kêbo sirèki | arsa mêjahi mring wang | hèh kêbo sirèku | gumampang wong kaya sira | nora ngrungu ing ujar ingkang sayêkti | dumèh agêdhe sira ||

10. apadene macan sira iki | wong tan ngrungu iya marang ujar | angêndêlakên rosane | arsa mangan maring sun | dene têka gampang sirèki | nuli nyaplok amangan | marang awak ingsun | dumèh-dumèh sira macan | wong agalak mila arsa mangan mami | măngsa age warêga ||

11. apadene sarpa sira maning | gudandaban bêburu maring wang | pan arsa badhog karsane | mara age sirèku | nuli mangan amintha-minthi | iya marang wak ingwang | ula sira iku | baya tan angrungu ujar | punang sarpa ajêngêr tan bisa angling | dene miyarsa ujar ||

12. mitênggêngên sarpa amiyarsi | apadene kêbo lawan macan | pan tanpa ngucap karone | kancil malih amuwus | alah payo tutugna aglis | gonmu arsa mêmangan | marang awak ingsun | lamun sira arêp modar | dene sira nora gugu marang mami | kêbo sarpa lan macan ||

13. dene sira padha angarani | anggorohi ingsun marang sira | ingsun tarima dhèwèke | tan wande ingsun tutur | iya marang ing Kangjêng Nabi | Suleman kang minulya | iya kêbo danu | apadene sira macan | ula lanang apan arsa mangan mami | dene apêksa lancang ||

14. nora wurung padha sira iki | lawan ula macan lan maesa | mati kaya buta kiye | ingkang lagya ginantung | iya anèng luhur waringin | lah mara tingalana | buta gandhul-gandhul | iya anèng pange gurda | kêbo danu lawan macan aningali | kang anèng pange gurda ||

15. miwah sarpa sarêng aningali | buta ingkang dèn gantung nèng wraksa | pan samya maras atine | dene buta dèn gantung | pan katiga micorèng galih | lah iya dhasar nyata | kancil [ka...]

--- 46 ---

[...ncil] ujaripun | dadya sami angrêrêpa | samya ajrih dhumatêng kang punang kancil | ngrarêpa wuwusira ||

16. lah ta uwis apuranên mami | besuk ingsun malês marang sira | lamun wis karta jamane | amung kang ingsun jaluk | lawan sira mas agus kancil | aja aturkên ingwang | marang gustinipun | iya Jêng Nabi Suleman | kancil ngucap parandene ta sirèki | arsa mangan maring wang ||

17. lah ta uwis tunggonana dhingin | ingsun arsa ngaturi uninga | iya marang gustiningong | nanging poma sirèku | anunggoni marang rasêksi | lah aja lunga-lunga | macan kêbo danu | lamun ingsun durung prapta | lawan sarpa lah ta poma wêkas mami | mêngko yèn ingsun prapta ||

18. sun apura kabèh ta sirèki | lamun mêngko sira padha lunga | aja takon ing dosane | pêsthi sira dèn gantung | iya anèng luhur waringin | kancil anulya kesah | tansah nolih pungkur | nuju kêbo danu obah | gènnya linggih kancil mandhêg asru angling | pagene obah sira ||

19. apa sira arsa minggat anjing | kêbo danu alon wuwus sira | aja salah tămpa mangke | mulane obah ingsun | dene kêsêl gèn ingsun linggih | mulane ingsun obah | kancil asru muwus | lamun minggat sira benjang | yèn kêcandhak tan wurung sira bilai | pêsthi sun ukum sira ||

20. tan antara kancil wus lumaris | apan tansah anolih ing wuntat | pan sampun lêpas lampahe | sigêgên tan winuwus | kêbo danu kocapa malih | tansah apagunêman | lawan rowangipun | macan sarpa duk samana | kêbo danu pan alon dènira angling | paran ing polahira ||

21. nora wurung mêngko awak mami | dèn patèni macan lawan sira | yèn sisip katuranggane | pêsthi ingsun dèn gantung | iya lawan si kancil benjing | dèn worakên ing buta | kêlawan sirèku | bêcik payo padha minggat | mumpung durung besuk lamun kancil prapti | măngsa bisa aminggat ||

22. tan antara pan sampun lumaris | kêbo danu macan lawan ula | pan akêbat pêlayune | angetan jujur gunung [gu...]

--- 47 ---

[...nung] | kancil ngulon gènnya lumaris | dadya sewang-sewangan | tan têmu-tinêmu | kancil ingkang kawarnaa | lampahira pan sampun satêngah sasi | malêbêt anèng wana ||

23. pan anuju ing pèrènge wukir | kancil arip apan arsa nendra | anèng ngandhape carême | eca gènira turu | pan kasilir maruta ngidit | lagya sakêdhap netra | kancil gènnya turu | wontên swara kapiyarsa | hèh ta kancil aja enak sira guling | lah iya wruhanira ||

24. pan ing besuk ana mungsuh prapti | saking sabrang baburon awêndran | tur agêdhe-gêdhe kabèh | mulane mumpung durung | dhingin ana kancil dèn aglis | kancil ingkang anendra | kagèt aglis wungu | kancil amicorèng nala | kaya paran gon ingsun nyabari benjing | tan ana kanthiningwang ||

21. Kinanthi

1. mêngkana ingkang winuwus | kancil anulya lumaris | sêdya angulati rowang | malêbêt anèng wonadri | munggah muturun[28] ing jurang | sêmana awas ningali ||

2. anèng sangandhaping gunung | wontên landhak adhêdhangir | ya ta nulya pinaranan | sang kancil wus praptèng ngarsi | bagea kang lagi prapta | landhak wuwusira aris ||

3. lah sapa aranirèku | ingkang tinanya nauri | yèn sira tambuh maring wang | ingsun aran raja kancil | dadi wawêrnining wana | lah mulane ingsun prapti ||

4. arsa nêmoni sirèku | landhak alon anauri | yèn sira tambuh maring wang | iya landhak aran mami | kancil alon dènya ngucap | pan arsa rêmbugan mami ||

5. iya lawan ing sirèku | kaya paran rêmbugnèki | besuk ana mungsuh prapta | iya bêburon wonadri | apan saking tanah sabrang | kaya paran lamun prapti ||

6. apa sira wani magut | marang mungsuh ingkang prapti | dene ta luwih akathah | lawan agung-agung maning | balane tanpa wilangan | landhak asru anauri ||

7. pêsthi wani ingsun besuk | sênadyan wuwuha maning | baburon ing tanah sabrang | mapan ingsun nora wêdi | sang kancil asru anyêntak | hèh landhak sira kêmaki ||

8. sira

--- 48 ---

arsa wani mungsuh | lawan mungsuh ingkang prapti | sêdhêngane awak ingwang | ing mêngko wus giris dhingin | dene bêburon ing sabrang | gêdhe-gêdhe tanpa tandhing ||

9. sang landhak asru amuwus | sênadyan padha lan wukir | durung maras atiningwang | sang kancil alon nauri | paran ing kasêktènira | dene sira sanggup wani ||

10. apa padha lawan ingsun | landhak digjayanirèki | landhak asru dènya ngucap | sira arsa angayoni | marang kadigjayaningwang | yèn sira arsa udani ||

11. lah ta iya wuluningsun | kaya bisa anguwisi | marang bêburon ing sabrang | kancil alon anauri | lah aja têkabur sira | wiyahe durung kêpanggih ||

12. pantêse lamun katêmu | nuli sira bêlenjani | sang landhak asru anyêntak | apa sira mêjanani | kancil lawan awak ingwang | lah mara cobanên dhingin ||

13. sang kancil asru amuwus | lah mara sun coba dhingin | landhak kadigjayanira | pan ingsun arsa udani | landhak asru dènya ngucap | apa sakarêpmu kancil ||

14. pan ing mêngko ingsun turut | ing sagêndhingira kancil | sang kancil alon angucap | lah mara burunên mami | ing mêngko lamun kêcandhak | pasthi digjaya sirèki ||

15. kancil anulya lumayu | landhak aglis anututi | akêbat dènya lumajar | landhak kêlawan sang kancil | ananging nora kêcandhak | bêburon landhak lan kancil ||

16. malah ta kongsi adangu | landhak asru gènnya angling | hèh kancil ingsun wis kalah | bêburon lawan sirèki | kancil sira ingkang mênang | lah mara mandhêga dhingin ||

17. dene mêngko karêp ingsun | kancil marang ing sirèki | payo ngadu kadigjayan | sang kancil alon nauri | lah apa sêkarêpira | hèh landhak ingsun turuti ||

18. mara dhingina sirèku | landhak sira sun tadhahi | landhak asru dènya ngucap | dèn prayitna sira kancil | dèn panggah aja lumajar | kancil prayitna ing galih ||

19. sêksana asru dèn kabruk | kancil akêbat ngindhani | nusup ing dhapuran gêdhang | sêksana

--- 49 ---

kinabruk malih | ri sang kancil sigra mêdal | saking wit pisang tumuli ||

20. praptèng jawi asru muwus | lah mara kabrukên maning | kêlamun sira digjaya | landhak arsa anututi | kêsangsang anèng wit pisang | nora bisa obah osik ||

21. dadya landhak asru muwus | hèh ta kancil kalah mami | paran ing sakarsanira | pan ingsun têka lumiring | bali kauculan ingwang | anulya dipun uculi ||

22. sang landhak alon amuwus | paran karsanira kancil | apa ingsun anuruta | lah iya marang sirèki | apa silih pêkênira | pan anurut marang mami ||

23. sang kancil alon amuwus | anadene karêp mami | bêcik sira anuruta | landhak lawan awak mami | landhak alon dènya ngucap | lah iya karsanirèki ||

24. lah kancil ingsun anurut | marang karêpira kancil | sang kancil alon angucap | yèn mêngkono landhak aglis | wulunira bubutana | sun gawene gaman benjing ||

25. besuk arsa lunga ngluruk[29] | mring sabrang ingsun dhingini | aja kongsi kadhinginan | mulane ingsun dhingini | dene bêburon ing sabrang | wartane tan ana tandhing ||

26. aja sira milu-milu | sira karia ing wuri | landhak anurut kewala | wulune dipun bubuti | awêtara pitung dasa | kang ênom nora kawilis ||

 


Tanggal: Soma Manis (Sênèn Lêgi) kalih (2) Mulud Be: sirnèng sunya naganingrat (AJ 1800). Tanggal Masehi: Senin 22 Mei 1871. (kembali)
winursita. (kembali)
kunarpane. (kembali)
satunggal. (kembali)
Lebih satu suku kata: ki juru alon ngucap. (kembali)
Lebih satu suku kata: jêr omah ngong pribadi. (kembali)
idak. (kembali)
Kurang satu suku kata: hèh ta pamanane bajul. (kembali)
sang kancil. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: apan datan ana kang uninga. (kembali)
11 alon. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: sang cèlèng asru angucap. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: sun ki ja kêpak-kêpik. (kembali)
14 kancil. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: macan tan wikan sira. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: iku jênang pêthingan. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: lah dèn age rungokêna. (kembali)
18 sabuk. (kembali)
19 Lebih satu suku kata: nulya kêbat marang wêdhus siji. (kembali)
20 Bait ini sama dengan bait di atasnya. (kembali)
21 jodhonipun. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: spuluh têmpuh maruta. (kembali)
23 Setalah gatra ke-4 ada kalimat: angitung wohing waringin. (kembali)
24 yèn. (kembali)
25 anak. (kembali)
26 Kurang dua suku kata: pan anjajah guwa kang asêpi-sêpi. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: lah ta iku bejanira. (kembali)
28 tumurun. (kembali)
29 nglurug. (kembali)