Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014 (Pupuh 22–40)
1. | Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014 (Pupuh 01–21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Selarasa, British Library (MSS Jav 28), 1804, #1014 (Pupuh 22–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 71v lanjutan] ---
22. Asmaradana
1. kawarnaa ta ing mangkin | sigêgên kang anèng desa | Ki Selarasa lampahe | wuwusên Sri Naradipa | ing Atashulu ika | sineba wanci rong dhawuh | pêpêk mantri lan satriya ||
2. jêksa kêlayan pêpatih | umarêk ana ing ngarsa | ingapit ulubalange | kalih atus kèri kanan | ingkang lungguh ing ngarsa | tumbak bêdhil lawan tulup | sinikêpan kolêm pêdhang ||
3. kyana patih matur aris | pukulun kadya punapa | gêgêbal tuwan sakabèh | pra jaka [ja...]
[Ilustrasi]
--- [f. 72r] ---
[...ka] kang kinujara | sêdaya tur prasêca | yèn wontêna manahipun | awona ing sri nalendra ||
4. mugi amanggiha wèsthi | kenging tulahing brahala | miwah mantri tuwan kabèh | sugri kang darbe tanaya | pan tumanggêh sêdaya | ing awone anakipun | nuhun pukulun sêdaya ||
5. sri naranata mangkya ling | ing sira sih kayangapa | wangwanganira dugane | ujare si ujum ika | ingkang dadi waldaka | karana wong akèh iku | kyana patih awotsêkar ||
6. yèn ing wingi patih aji | angaruhuni ing karsa | dhatêng pun ujum têtakon | kadya karsa sri nalendra | pun Ujum Sidik majar | kang dados teja ing dangu | yaktosipun maksih gêsang ||
7. nanging tan wontên ing ngriki | ing babêthèk datan ana | purun tinêtêk janggane | yèn wontêna anèng praja | sang nata angandika | manawa kang lolos iku | Si Lubama kaya ngapa ||
8. umatur pun Bandupati | pukulun yèn pun Lubama | mangke dados pamopone | tanpa yun angulatana | kandhêk wontên ing pasar | dèn cêngkalak manggut-manggut | cangkêmipun dikir jahar ||
9. yèn ing têdhanipun mukti | pun Lubama wontên pasar | dados pakaulaning wong | juwadah awarna-warna | singa laris dodolan | dhatêng pun Lobama asung | dagangane muwah arta ||
10. sang nata bêndu tan sipi | hèh patih lah undhangana | pacuhan ana kang awèh | mangan lawan pêpangan |[1] lan kajinêmanira | satus kon langlang puniku | Si Lubama konên mintar ||
11. sarwi sèbêtana sami | kêmadhoh lêlatêng brama |
--- [f. 72v] ---
kya patih atur sêmbahe | anibalakên wêcana | kajinêman wus mintar | sang nata aris amuwus | ki patih sira dandana ||
12. momotana jong lan kèci | kapal kêlawan pragata | donya barana dèn akèh | anakira radèn rara | mêngko uwus diwasa | ingsun arsa ngêlamar kakung |[2] putrane Sang Natèng Ngêsam ||
13. iku kaloka yèn bêcik | kakang patih anakira | têka mancira karêpe | anjaluk laki wong Islam | ingsun arêp putusan | angêlamar ing Ngêsam iku |[3] kakang payo bidhalêna ||
14. palya kapal kawan dèsi | palya êjong kang sêdasa | kèci ingkang sêpuluhe | adhêdhêk anèng samodra | arsa bidhal mring Ngêsam | atembak anèng ing laut | kadya kupu abarungan ||
15. pacuhan mimtara[4] binjing | kang patih kongkonanira | dèn samakta lan sarate | kya patih awotsêkar [awo...]
[Ilustrasi]
--- [f. 73r] ---
[...tsêkar] |[5] sampunira ngandika | sang nata anulya kondur | luwaran mantuk ing pura ||
16. sigêgên datan kawarni | kang lagya momot bêrana | wuwusên mangke lampahe | Ki Lubama wontên pasar | mêntas salat alohor |[6] dèn cêngkalak astanipun | prandene tan pêgat salat ||
17. pasar tumawon sêdhênging | akèh lunga ana têka | Ki Lubama ta ampire | anjaluk dunga barêkat | saure ingsa Allah | picis wus anggajah turu | lawan sakèhing juwad[7] |[8]|
18. sing pawêdaling wong sami | sakèh wong tindha tupaya | padha ing kono ampire | awèh banyu lan andulang | sêkul lawan juwadah | sêkathahing picis sinung | wau dhatêng Ki Lubama ||
19. marêgi saking
[Ilustrasi]
--- [f. 73v] ---
wong ngêlih | anubang sakèh pawêdal | ing wong lawan ingkang malèk | samya sinungan sandhangan | asami Ki Lubama | jinujung kêramatipun | ngibad[9] sarwi tilawat |[10]|
20. marmine kêramat mijil | Ki Lubama langkung pasrah | ing saya lan salarane | mangkana ing pamrihira | ingka[11] lara matia | ingsun kang nglakoni iku | sok aja rare têtiga ||
21. ana dening sri bupati | bênêr ingkang nrêrapêna[12] | ing ingsun pan wis ukume | pan lagi ingsun têmaha | iki sihe Yang Sukma | kang tumêka raganingsun | lah badan sira tuwuha ||
22. kêsaru anulya prapti | kajinêmane sang nata | lir taksaka ing tandange | prapta dhatêng Ki Lubama | jinêjêl saking wuntat | lagi dhikir kang rumuhun | malah buncar kang wêdana ||
23. kajinêman asru angling | iku ta lah rasakêna | mulane kandhêg ing kene | pan sira kinèn angrara | marang ing anakira | têka katungkula majuh | anglindhung ana ing pasar ||
24. angling rada èsmu tangis | kyai lêrês andika |[13] ing wong nglakoni pakon |[14] mapan ingsun wong duraka | murang nitih ing praja | saking sangêt trisnaningsun | ing anak dadi tamara ||
25. kiyai jêjêga maning | iya iku titahing Allah |[15] kang kongan dadi sanèke | iya titahing Yang Sukma | ganjarane wong salah | kajinêman srêngên asru | malih arsa anjêjêka ||
26. tumulya tiba kêbanting | anglungsar wêdana pêjah | mêloncot[16] ilang kulite | sumingub pangrasanira | ya ta wus sri narampah | pan sampun binakta mantuk | sêpalih wong kajinêman ||
27. bali anggawa gêgitik [gêgi...]
--- [f. 74r] ---
[...tik] | karsane anggitik ika | marang Ki Lubama mangko | kajinêman asru ngucap | sira wong panêluhan | rewang setan rewang antu | batur ingsun kabêbayan ||
28. sarwi anggawa gagitik | pamukule kuwat-kuwat | wus malêstas[17] gêgitike | anibani kancanira | êndhasipun kang pêcah | kang sawiji malih mupuh | tibani ing kancanira ||
29. nibani rewangenèki | wong têtiga sami pêjah | putusan wus kondur kabèh | wênèh tiba ing dêdalan | jêjêngkune nyuliwah | pêpincangan kapêlayu | nêmbah maring Ki Lubama ||
30. marmane kakya puniki | Ki Lubama langkung pasrah | maring Yang Manon pakone | pan kocap ing dalêm Kuran | sakèhe wong mêngkaka | Allah Tangala angut[18] |[19] maring malaekat dènira |[20]|
31. kêkalih rumêksèng wêngi | roro angrêksa raina | ing wong kang tutuk
[Ilustrasi]
--- [f. 74v] ---
pasrahe | ingkang malekat satunggal | tan kêna yèn pisaha | angrêksa siyang lan dalu | ingkang wong kaya Lubama ||
32. marmane luput gêgitik | tan kêna kinaningaa[21] | malaekat kang tan awèh | ana linge păncabaya | iku yèn kapantangan | sakèhing kang sêngit iku | malikat ingkang tan suka ||
33. kunêng kang sêngit sirèki | ing wong linyok saprakara | kapindho ing wong dadêngkèn | ujubriya lan sêsungah | mangkana Ki Lubama | sêpi ing prakara iku | marmane rewang malekat ||
34. têka ing waktu mahêrib | pêrandene dèn cêngkalak | tan arsa tuwang waktune | saya sru pamujinira | Ki Lubama asalat | ngadêg rukuk sujud lungguh | asta maksih cinêngkalak ||
35. sampuning salat magêrib | dikir jahare kalintang | tan kawarnaa lampahe | Ki Lubama kawarnaa | Jumêna kang angrêrah | saking siyang malah dalu | angulati Ki Lubama ||
36. karêngya syarane dikir | pinaranan wu wêspada | Jumêna wus bali age | karsane ayun apajar | marang ing gustinira | tan wruh yèn wis anèng pungkur | Rumsari awas tumingal ||
37. ing ramane nandhang sakit | angrangkul nulya kantaka | angêlosot anèng pangkone |[22] Ki Lubama tan uninga | dhatêng putrane ika | nibèng pangkon pinitambuh | Selasyara Selagănda ||
38. lumpuh samya dèn uculi | cêngkalak wus ingalapan | Lubama kagyat dêlinge | sapa iki sira baya | pêtêng agêgurangan | nguculi cêngkalak ingsun | kawruhan bilai sira ||
39. Selasyara [Sela...]
--- [f. 75r] ---
[...syara] matur aris | kawula puniki paman | putra dika katigane | dening anèng pangkonira | kangbok Ni Rumsêkar |[23] Lubama asru kagêtun | tinêmbang maesa wiyat ||
23. Kinanthi
1. adhuh gusti anak ingsun | si bapa kaya angipi | atêtêmu lawan sira | kang putra wus dèn raupi | ana banyu saking pinggan | puniku kêkarèn bukti ||
2. Selasyara agêgalung[24] | sarya angandika aris | kakang êmbok anglilira | mênawa dangudanèni | sang dyah anglilir ta sira | tur sarwi anangis riri[25] ||
3. Lubama amuwus arum | adhuh anak ingsun gusti | ara ilok nangis sira | dadi apa sira gusti | yèn kawruhana ta sira | lagi dèn uruk sirèki ||
4. sang nata akon angruruh | sanggèning katêmu gusti | adhinira sakatiga | ara wurung dipatèni | ing bisuk sumadi sira | angur sira manglabuhi ||
5. lara wus katêmu ingsun | mara cêngkalakên maning | mara gusti talènana | maning si bapa tumuli | age lungaa ta sira | kaburu ana wong prapti ||
6. Ki Selarasa amuwus | paran siningkiran malih | yèn wis titahing Yang Manon |[26] ara kêna dèn singkiri | sumingkir mring pundi paman | kawula dêdimèn mangkin ||
7. agêntèni paman iku | paman dêdimèning mangke |[27] sanak kawula sêdaya | agêntèni paman sakit | angur mantuka ing wisma | sêdaya aja kari |[28]|
8. kula paman arsa kantun | anêmoni sri bupati | kawula arsa uninga | ing karsane sri bupati | Lubama asru digapar | sêbuting maring Yang Widi ||
9. Lubama asru amuwus | lagi apa sira
--- [f. 75v] ---
gusti | arêp labuh gêni sira | sakèh lara iku gusti | nadyan bêbalunga tosan | kulita têmbaga gusti ||
10. atota[29] kawate maskun | susuma gêgala gusti | manggah pira wong sanugal | amusuhi wong sakêthi | balane sri naranata | ora kêna dimusuhi ||
11. iku du cinêlathu |[30] balik lungaa dèn aglis | gusti bok kaburu awan | Selarasa anauri | kawula tan arsa kesah | sadya kawula ajurit ||
12. pan wontên caritanipun | duk alam Suleman Nabi | Ibrahim duk kapawaka | gêni tanna agêsêngi | Ibrahim lagya rinêsa[31] | dening kang aburbèng[32] jati ||
13. Selarasa[33] wuwusipun | ingsun tuduhêna yayi | sakabèhe wuwusira | pun kakang kapingin uning | ingsun arêp cacak-cacak | durung wruh rasaning jurit ||
14. sêsinau lampah kewuh | jajalên si kakang yayi | amrih si paman muliha | kang êmbok mantuk rumiyin | mangke ta dèn gêlas[34] kakang | kawula pêjah ing ngriki ||
15. kawula ngêlakoni iku |[35] bêlokane
[Ilustrasi]
--- [f. 76r] ---
sri bupati | Selagănda sira ngucap | yèn mêngko andika iki | sampun luput juru basa | ombal-ambilaning ati ||
16. Rumsari ing wuwusipun | ing rayi katiga sami | yayi sira dadi manah | ing rêrasaningsun uni | duk kala ana ing arga | nuli padha dadi ati ||
17. nadyan ingsun mêngko lumuh | sayakti priyangga mami | yayi ing pangrasaningwang | barêng mati barêng urip | kang sun têdha ing Yang Sukma | muga rinaksa Yang Widi ||
18. lami pagunêmanipun | Ki Lubama lawan siwi | tan wruh yèn katur sang nata | Selarasa lah yèn prapti | siwiira[36] Ki Lubama | ing dalu ana ngawruhi ||
19. ki patih ingkang kautus | abêkta dêdamêl agêlis |[37] wus kinêpung anèng pasar | têmu gêlang dèn idêri | samya anitih turăngga | satus jarane bupati ||
20. raina sampun kadulu | yèn gêgaman angidêri | Selarasa nulya ngucap | ing mêngko ta wusing takêdir |[38] lah iya ki badan uga | sukur ta baya sirèki ||
21. kang raka [ra...]
[Ilustrasi]
--- [f. 76v] ---
[...ka] pan sampun gupuh | aninci[39] wastranirèki | marang ngarsa Selasyara | tur sarwi amuwus aris | lah yayi sira mundura | sira aja milu jurit ||
22. ingsun pan arsa sinau | angrok prang tandhing kawanèn |[40] angadu japa prawira | rok tajung prange wèsthi |[41] yayi aja milu yuda | tingalana bae mami ||
23. sira yayi uwus tuwuk | atalang angbaya pati | anêmbah Ki Selarasa | kakang dèn prayitnèng wèsthi | mênawi bok abên bon nalon |[42] Lubama ngucap aririh ||
24. Ki Lubama sira muwus | ingsun milu barêng mati | pun paman nila mêsalah | mêngko wruh rasaning pati | prayatna kêkêsing gêlar | Lubama ngeka ngêmasi ||
25. syara surak gumuruh |[43] sarwi anyuboni bêdhil | sami angantos parentah | ki patih ika ningali | sarwi nudingi ing wadya | lah padha bêdhilên aglis ||
26. bêdhil pinasangan gupuh | gumuruh syaranerèki | tulup panah anglir udan | barêng tibane jêmparing | surake ambal-ambalan | kêndhang gong munya lan bèri ||
27. susun tindhih kang kukus |[44] tanpa rêrungon kang baris | Ki Lubama nulya dunga | nanêdha maring Yang Widi | lan maca atine surat | nangam sakèhe jêmparing ||
28. datan angênani iku | sakadang samya bêsuki | kêlawan Nikèn Jumêna | luput ing sênjata sami | saragêni samya majar[45] | kyai kadi punêndi |[46]|
29. bêdhil lan panah puniku | datan wontên angênani | malah nandhês punang obat | kya patih bêndu tan sipi | karane ta
--- [f. 77r] ---
age mara | sakèhe tumbakirèki ||
30. kang baris sigra wus laju | gêrgut sakèhe prajurit | anulya samya tumandang | kya patih wuwusirèki | saking kuda awêcana | mara tumbakana aglis ||
31. Ki Lubama ika wau | katingal dening kya patih | gitikana lawan tinggar | sigra kang baris nukêbi[47] | gumalong Ki Selasyara | mulat ing baris ngêbyoki ||
32. karsane sarêng lumaju | èngêt ing pamulangnèki | kang raka Ki Selasyara | duk gêsang mulang jayèki | bumi miring winatêk |[48] dening Selasyara iki ||
33. Selasyara yitnèng kewuh | pan arsa amatêk aji | kang baris samya ngrasa |[49] sakèhe kang bala mantri | kang bumi miring gênjotan | pangkur sinama gumanti ||
24. Pangkur
1. midêr panoning wong kathah | pangrasane bumi kadya ginujing[50] | kakèh[51] padha gayuh-gayuh | ngulati gêgeyongan | lire ngêntêr sadaya wong samya rubuh | tan ana wong kang ngadêga | tubak samya barat-barit ||
2. kya patih katêb[52] ing lêmah | saking lêmah gumalinting madêlik[53] | pangrasane langit rubuh | katidhihan ing jaran | kuthaweyan tangane ajaluk tulung | tan ana ingkang tulunga | sêdaya padha ngrasani ||
3. anulya surup hyang arka | Sri Nalendra ing Atashulu prapti | kyana patih mapan sampun | tinangi ing wong kathah | wong kang prapta anyar pan samya andulu | angêpung malih ing pasar | sang nata akèn ngabêngi[54] ||
4. ya patih ngabêngi sira | nanging anggèr sampun pinrih ing latri | rare punika kêlangkung |
--- [f. 77v] ---
sakti măndra sujana | bilih tiwas kangjêng paduka pukulun | mangke angantos nraina[55] | anurut sri narapati ||
5. tan kawarna latrinira | wus raina sang nata aningali | sing luhur liman kadulu | yèn rare sakatiga | sakêlangkung warnanira bagus-bagus | saksana sang nata mulat | yèn wuntên pawèstri luwih ||
6. angling sira sri nalendra | kakang patih ika wong wadon ngêndi | warnane pan anom ayu | ya patih awotsêkar | pun Lubama punika kang darbe sunuh | wondene jalu têtiga | punika ingkang nunggoni ||
7. sri naranata ngandika | yèn mêngkono patih dipun aririh | lananga bae dèn uwus | padha dèn tubakana | aja wani parêk lan wong wadon iku | bakale dunungan reyang | tunggul payung ingsun bijing ||
8. wêruha yèn duwe anak | Si Lubama kaduhung sun larani | bakal maratuwaningsun | lah mara akalana | ing pisahe kêlawan lanange ingsun | age nuli ingsun êmban | adhuh gusti mirah mami ||
9. age kagêma deningwang | wadon ayu mênthong asawang sasi | dêlurung sêmune kanyut | lah patih akalana | dipun enggal wong ayu age sun pangku | sun êntrok[56] nèng pupu kiwa | sun arasi wanti-wanti ||
10. kya patih sigra umangsah | baris kilèn kang kinèn andhingini | kinèn mêlêk saking pungkur | èstrinipun pinisah | sarêng mara Selagănda sarêng mayun | sigra kang mangsah dèn pêdhang | tan kêna parêk kang baris ||
11. ginèndèng Dèwi Rumsêkar | dening
--- [f. 78r] ---
Selagănda kang êmbok iki | andika kumpul ing ngayun | dika arsa pinisah | Ni Rumsari Ki Lubama sampun kumpul | wong Atashulu kèmêngan | dalah ka kasaput ing wêngi |[57]|
12. rainane sri narendra | mêlêk liman karsane angadhangi | amiyak baris mêngayun | asru dènira wêcana |[58] hèh wong Atashulu lah mundura iku | mêngko kandhangên kewala | totonên aku ajurit ||
13. dipati lurah kêbayan | angabêngi samya tapiniragi | pacuhan aja ta milu | totonên bae reyang | sarya muwus hèh anu sapa aranmu | kêmbulana tandang ingwang | yèn sira bosên aurip ||
14. sigra mangsah Selarasa | Selagănda Selasyara mêgati | kang rayi dinut ing sêmu | mundur Ki Selarasa | Selasyara mangsah tur sarya amuwus | hèh sang nata têkakêna | gurdakanira ing nguni ||
15. gumuyu suka sang nata | iya dhêmên iku wong tega pati | hèh gajah tujahên iku | idêk-idêkên pisan | punang liman narajang anujah wau | Selasyara wus pinêlak | ing gadhing tan kêna usik ||
16. sigra Ni Rumsari mulat | dhatêng Selasyara sampun katitih | adan ningsêti sêsampur | mring ngarsa sarêng pêjah | wus pinandêng de liman arsa sinambut | Rumsêkar ing ta sang nata | ingundha tininggil-tinggil ||
17. sang nata ngucap ing liman | prènèkêna dokokên pangkon mami | dupi sih arsa sinambut | Rumsêkar ing sang nata | saking liman Selarasa sigra nutuh | tiba ngarsane sang nata | wau kang camêthi rukmi ||
--- [f. 78v] ---
18. kagyat sang nata malêmpat | saking liman pangadhuhe kêpati | gigire liman kapupuh | ing camêthi wus bêlah | tugêl palih kang liman wus gumaluntung | Ki Selarasa wus mara | aburu mring sri bupati ||
19. sang nata asambat lara | astanipun kasèbêt ing camêthi | pêpêtak sarwi lumayu | Selagănda nêrajang | mring sang nata anampiling saking pungkur | enggal wangsul Selagănda | ajrih ingkang raka iki ||
20. Selasyara bêndu mulat | ingkang rayi yèn liman sampun mati | Selarasa aris muwus | ing bêndune kang raka | ing pêjahe kang liman kula tan wêruh | Ki Lubama ika ngucap | ingsun kaliwat kuwatir ||
21. duk pinêlêk dening liman | sun tingali sira tan kêna musik | tênggane ana pitulung- | ing Alllahu Tangala | saking buri tansah maca sèpi ingsun | mulane kang liman pêjah | ratune uga mèh mati ||
22. Selasyara amiyarsa | yèn mêngkana mantun bêndu kang rayi | mèsêm Selarasa
[Ilustrasi]
--- [f. 79r] ---
ngrungu | ngêdhèpi Selagănda | sarya jawil Selarasa aris muwus | dumadak ulih pênawar | ngalingi runtiking gusti ||
23. kambêngan surup hyang arka | kawuwusa Selarasa ajurit | tigang dina tigang dalu | wênginira mêngkana | sri nalendra mantuk kêdhatone wawuu[59] |[60] nulya sare ngujur wastra | kasmaran marang Rumsari ||
24. wus tan imut jiwa raga | wandu warganira tan ana kèksi | siyang dalu tansah mujung | pitung dina laminya | kang kocapa gêgaman ingkang angêpung | Patih Mangkurat nèng pasar | lan sakathahing bupati ||
25. kathah prajurit kacurnan | kang kasêrang pêjah kathah akani[61] | jroning pitung dina wau | Selarasa ngandika | yèn mêngkene akèh wonge ingkang lampus | wong cili tumut punapa |
[Ilustrasi]
--- [f. 79v] ---
lan padha agama suci ||
26. Selasyara angandika | kaya priye dayane iku yayi | saya akèh yèn su[62] dulu | katêkanan gêgaman | Selarasa matur sarwi awotsantun | paduka kantun sakêdhap | kula kesah wong kêkalih ||
27. kêlawan kang Selagănda | mupung sênggang mangke ingkang ajurit | dèn Selasyara amuwus | yayi sakarsanira | sigra kesah kang rayi kêkalih wau | dening ta Ki Selagănda | gêgeyongan anèng wingking ||
28. lampahing lir pendah kilat | tan angambah siti dhatêng ing puri | wancinipun têngah dalu | wus prapta ing kêdhatyan | Selarasa amatêk sêsirêp sampun | sarwi anawuri lêmah | ya ta sirêp wong jro puri ||
29. Selarasa ris wêcana | raka Selagănda nêdha têtali | sinarimpung sang aprabu | ya ta wus tinalenan | cinêngkalak tangane sinèrèt
[Ilustrasi]
--- [f. 80r] ---
sampun | Selagănda ris angucap | yayi dèn alon bok tangi ||
30. sumaur Ki Selarasa | kang kêlakon punika boya tangi | wontêna ing kalih ingsun | yèn botên ingulan[63] |[64] sêsirêpe ing sabêne ta kang sampun | arsa kula baktèng asal | paduka kantun ing ngriki ||
31. dika rêksa dalêm pura | batên dangu kakang kawula bali | sang nata sampun jinujung | asta kiwa kewala | tan adangu lêpas lampahe mring dhuwur | gagêtun Ki Selagănda | dening kuwate kang rayi ||
32. mangkana Ki Selarasa | mampir dhatêng pasar marang kya patih | kêpanggih lagya aturu | kinêpung jêro jaba | ingkang kêmit sadaya samya aturu | pan kêna sêsirêpira | kaleberan saking wuri ||
33. Selarasa duk tumingal | ing kya patih sigra dipun talèni | dèn cêngkalak tanganipun | ginendholan [ginendhol...]
[Ilustrasi]
--- [f. 80v] ---
[...an] sang nata | dipun cangking ing asta kiwa wus mabur | karsane binêktèng wona | sigêgên datan kawarni ||
34. kawuwusa Selagănda | karsanira ngidêri dalêm puri | sakyèh pramèsyari turu | sadaya winicalan | sinêratan sadaya pawonganipun | sasampuning sinêratan | Ki Selagănda alinggih ||
35. pinarêk anèng gêlaran | damar kurung jaba jêro madhangi | samya murup ting pêlancur | padhang kadi raina | Selagănda warnanira wuwuh bagus | lingsir dalu wayahira | sri naranata gêntèni ||
25. Sinom
1. wontên ta malih kocapa | putrane Sri Narapati | ing Atashulu nêgara | wangunipun andhap alit | sêmunipun alungit | tan wontên pêpindhanipun | diwêk sêdhêng diwosa | yusyane sawêlas warsi | jêjuluking Sang Putri Ragapuspita [Raga...]
[Ilustrasi]
--- [f. 81r] ---
[...puspita] ||
2. sampun lama abêbana | dhatêng ing rama sang aji | kasmaran dhatêng supêna | milane sri narapati | pan sadya angulati | dhatêng jatukramanipun | kang bagus wicaksana | lawan ingkang têtêp ngèlmi | pan sang putri tan dhahar tan kêna nendra ||
3. sêsampuning prapta ika | kang kèpi akèn ngabêkti | sang putri ataki lampah | manjing ing agama suci | pisah lan rama kalih | ing wisma panggenanipun | amung pêdhêkan têtiga |[65] sakatiga saking wukir | kang adarbe anak iku wong Aislam ||
4. milane tan têbah |[66] anuduhakên ing ngèlmi | sang putri aris ngandika | ingsun wurukên ing ngèlmi | lan adus êkèl iki | duk jinabat durung wêruh | parêkan ngrangkul samya | adhuh gusti ingsun nyai | têmên-têmên tênggane arsa agama ||
5. pun inya matur anêmbah | ing adus gangsal prakawis | ingkang yugya kinawruhan | kang rumuhun adus wajib | upami lamun ngipi | utawi sih lamun kurud | apan yugya dinusan | yèn wong èstri mawi laki | ing pawore sampuning adus jinabat ||
6. lapale rumuhun akêbar |[67] nipas wiladah wastèki | tan kenging layon botêna | ping sêkawan adus mayit | êmban anom nauri | paksa limpat sira iku | wuruk ing ramaningwang | aja tunggal paling urip | angèl têmên pranatane
--- [f. 81v] ---
wong agêsang ||
7. adus wungêna ing toya | mapan durung Islam iki | tuwas atis dhêrodhokan | wus suci dinusan malih | ana kang dèrèng suci | iya iku dening banyu | puniku takokêna | marang wong kang ahlul santri | apa maning takokêna wong utama ||
8. Ni Pangranyuh aris majar | ingsun duk anom sadhidhik | guru wong ahlul micara | ing pakuncèn wismanèki | iku kang sun guroni | wuruk ingkang maring ingsun | aja kathik jinabat | gawe apa ngaribêdi | kêkepetan saprandene ulih anak ||
9. saumure yèn sahuwat | ara kathik adus maning | parandene sugih anak | anake budhêl sawiji | pan kama lêrên[68] dadi | ana cêngkal warak iku | anga angêdohi jinabad |[69] tandhane anêrang jangji | wong sêsuci dadi tiyanging agama ||
10. Rêtna Puspita ngandika | ingsun wurukên ngabakti | wurukên masalah etang | gumuyu ni êmban sami | kongsi damare mati | kapiasêm dènnya ngrungu | adan Êmban Pangrunda | bêlêmane dèn damuni | netranira malah andrês mijil waspa ||
11. Pangrundah kapuyuh pisan | saking gumuyu kêpati | bêlêmane kauyuhan | gênine sêdaya mati | ni êmban asru angêling |[70] kaningaya ira iku | dening têka sikara | têka amatèni gêni | ciniwêlan duwene ni êmban ika ||
12. êmban tuwa suka-suka | tan nigas cuwan kapising | age lungaa mêrana [mêr...]
--- [f. 82r] ---
[...ana] | sulêdên damare agêlis |[71] pijêr gumuyu iki | Ni Pangrundah nulya mêtu | sira prapta ngarêpan | prapta pagêlaran agêlis |[72] tan adangu tumulya amasang dilah ||
13. sêsampuning masang diyan | Ni Pangrundah nulya mijil | kagèn[73] wau Ni Pangrundah | ningali kangkung[74] alinggih | baguse tanpa tandhing | Pangrundah malêngok mangu | mêngongoh dènnya mulat | Selagănda dèn tingali | tan kumêdhèp êmban anom nulya prapta ||
14. angenggalakên Pangrundah | inguwuh agêlis-gêlis | ni êmban anom tumingal | ing kakung bagus kêpati | lumungsur sinjangnèki | dèn singsêti pan lumungsur | nulya binuwang pisan | tan ngangge sêsampur malih | êmban tuwa aris dènira têtanya ||
15. ana apa ta ing sira | gawene ngagèt-agèti | ana ngêndi Si Pangrundah |
[Ilustrasi]
--- [f. 82v] ---
êmban anom anauri | kakang apa iki |[75] wingi sore datan rawuh | ingsun wus acêcadhang | ora duwe dosa mami | didhèdhèli jarit ingsun dening apa ||
16. ingsun kakang nora suka | tapih ingsun de dhèdhèli | yèn ingsun nyêrang larangan | aja tapih dèn wudani | mêtu ara têtapih | ulihêna sèwèk ingsun | tanbuh polahanira | êmban tuwa miyarsa ngêling |[76] si anom têka nyakar-nyakar lêmah |[77]|
17. êmban sira lagi apa | tingkahe kaya wong baring | ratu nêdha sami kesah | ing ngriki pan kathah bêlis | dawêg gendhong mas gusti | si êmban kaya wong wurung | pantês gandhohan[78] setan | kêranjingan dening êjin | êmban tuwa abêkta Rêtna Puspita ||
18. sang putri binêkta kesah | prapta ngarsa sang apêkik | ni êmban gupuh anêmbah | matur dhatêng sri bupati | matur sapolahnèki | êmban anom sampun katur | yèn sanès kang pangucap | wau kawula tingali | tingkahipun ni êmban kaya wong edan ||
19. ni êmban adhêradhogan | lungane alaku gigir | ni êmban wêdi ing setan | aningali polahnèki | sang putri sira angêling |[79] dèn gawa mring ngêndi ingsun | măngsa borong kawula | lumêbêt ing dalêm puri | dyan sinèlèh ing pangkoning Selagănda ||
20. arsa abah Selagănda | kêlangkung manahe ajrih | ing pangugasmaranira[80] | wong apa [a...]
--- [f. 83r] ---
[...pa] ta baya iki | apa iki wong gêring | wus gêdhe dèn gendhong iku | praptane ungkur-ungkuran |[81] kaya na dèn kawêdèni | Selagănda astane angungling jăngga ||
21. nyai êmban ika mulat | dipun sênggih sri bupati | amangku dhatêng kang kang putra |[82] tan katingal warnanèki | kang sabên wastraning adi |[83] kêmanyangan maksih wungu | titip putra sampeyan | sang putri wêdi ing bêlis | nyai êmban agancang kaya wong edan ||
22. kèmêngan ing karsanira | sang putri amuwus aris | sampun dika numpang rama | kawula kêlangkung isin | wus gêdhe kula iki | adate wong Sêlam iku | anak kêlawan bapa | yèn wus diwasa tan kêni | pêparêkan iku lagi ora kêna ||
23. Selagănda amiyarsa | sangsaya wuwuh ngukuhi | karsane pinondhong pisan | binêkta paprêman adi | kampuhipun [kam...]
[Ilustrasi]
--- [f. 83v] ---
[...puhipun] kawingkis | sang putri awas andulu | merang sajroning manah | sang putri murcitèng ati | sabên kèpi sang dyah tan kêna gulawat ||
24. kèmêngane manahira | sang putri tansah dèn liring | wau dening Selagănda | tur sarwa amuwus aris | sampun asalah tampi | kawula dika wong ayu | dhuh gusti mirah ingwang | angêlaya angulati | ing supêna tênggane kêpanggih uga ||
25. wong ayu kusuma dewa | enggal ta sira kapanggih | gusti pinăngka kawula | binjing kawula angabdi | ing andika mas ari | sun pasthi sun karya tunggul | lah mara ngandikaa | aja wèt kèndêl ta gusti | lah sapanên mas mirah kawula dika ||
26. gusti dhuh ingsun dunungan | sapanên kawula ngabdi | kawula dika mas mirah | sumarah ing dhêndha pati | yèn tan sudia mipil | ing mangke kawula matur | anêdha pangaksama | rèhning dasih kawêlasasih |[84] lah mara ta wong sèdhêt kawulakêna ||
27. banjêrêt sajroning paprêman |[85] rêmên kawula ningali | dhuh mas mirah ngandikaa | tarimanên kula gusti | kawula arsa dasih | lumiringa jiwaningsun | sang dyah mèsêm ngujiwat | kang alis ngincang sasisih | sarya nawang gêbyare waja lir kilat ||
28. Rêtna Puspita ngandika | yèn andika tulus asih | linggiha kakang sakêdhap | ana ubaya [u...]
--- [f. 84r] ---
[...baya] sun iki | aja cidra ing jangji | Selagănda aris muwus | dhumatêng arinira | dhuh mas mirah kusuma di | pan sumăngga yèn cidra dèn satyanana ||
29. sigêgên datan kawarna | Selara mring jro puri |[86] kêlawan wau kang raka | Selasyara lan Rumsari | Lubama tansah wuri | kandhêg ing mêndhapa kidul | dènnya linggih Lubama | angêntèni wêkas sami | wus raina waktu subuh asêmbayang ||
30. sakatiga sami salat | ing made gadhing rinukmi | têbêng lagya salat sunat | Selagănda miyarsèki | wong ngêbang wancinèki | pajar wicak syaranipun | gupuh anulya mêdal | nyangkang[87] caratan aririh | Selagănda karsane tumut sêmbayang ||
31. Sêsampunira asalat | tumulya sami amuji | sukure dènnya amujya | ing nabi sêpangatnèki | lan rahkêmating Yang Widi |[88] enjing Selasyara lungguh | kêlawan Ki Lubama | kang rayi ngandhap alinggih | lan Rumsêkar sarya nêmbang dhandhanggula ||
26. Dhandhanggula
1. samya kagyat sakyèh wong jro puri | aningali wong kang lalinggihan | ing made kidul pêrnahe | sigra êmban lumayu | mêlayoni marang sang putri | marani pagulingan | sang putri rinangkul | adhuh gusti lah wungua | gègèr agung kathah kakung ing jro puri | rama dika tan ana [a...]
--- [f. 84v] ---
[...na] ||
2. Răngga Puspita amuwus aris | uwis babu aja winicara | takdire Suma dadine | mênawa sira tan wruh | gustinira iku kang prapti | kang sabên asupêna | lan sawangsanipun | ramaningsun wus palêstra | têkèng jangjining Yang iku kang matèni | lah ta kinapakêna ||
3. para inya sampun miyarsa warti |[89] yèn sang nata sampun apralena | luwih bagus gagêntine | samya umarêk sampun | datan ana gêgêling ati | pan ambêke sang nata | panas dhatêng bêndu | ngangge anggana wisesa | agung sêrik wadyane supantên ajrih | sang putri pan mangkana ||
4. wus tumêdhak sang raja pinutri | têka linggih sumandhing ta sira | sandhing Rumsari ngandhape |
[Ilustrasi]
--- [f. 85r] ---
tumungkul dènnya lungguh | sarya ngêlirik dhatêng sang pêkik |[90] Selagănda pi ara | Selasyara dulu | sang putri dhatêng kang raka | uni lamun sêmune wong kapranan sih | suka tyasira mulat ||
5. Selasyara muwus ingkang rayi | Selarasa gusti ariningwang | sihing Yang kapanggih mangke | sira jenênga ratu | parentahên si kakang yayi | apa ing karsanira | si kakang anurut | Selara awotsêkar |[91] inggih nuhun kawula anuhun ing sih | sihe paduka raka ||
6. pan kawula ing rèhing sêmangke |[92] gih paduka kang jumênêng nata | nyakrawatia ing kene | lan kakang êmbok iku | inggih paman lamun suwawi | panggihêna lan raka | Ki Lubama manggut | langkung sukur ing Yang Sukma | kasinggihan ki putra wuwusirèki [wuwu...]
[Ilustrasi]
--- [f. 85v] ---
[...sirèki] | ing mêngko kawinêna ||
7. Selasyara wuwusing amanis | ara jamak yayi wuwusira | kang êmbok mendah bêndune | pan wus sun sêmbah iku | angur lakèkêna wong singgih | malêpak Ni Rumsêkar | Lubama amuwus | balik iku wuwusira | ara makêlum kakangira yèn alaki |[93] liyana saking sira ||
8. ukum kitab ingsun amanggih |[94] wong arabi wurung dening sêmbah | têka mara mupung mangke | padha paksanên iku | Selagănda jawil kang rayi | tur sarwi ta angucap | yayi sêmu iku | lir undar amanggilingan | idêr kiyong sêmune sampun kêtawis | karêpe wus kacupan ||
9. Selarasa mèngsêm sarya nulih | amrih aja kêtawang kang raka | Ki Lubama dyan wuwuse | Selarasa nak ingsun | apa maning mênêng puniki | yèn iya age mara | pun paman jumurung | prakara sakèh wus ana | ingsun ngandhut talèn uwang saka kêndhi | sapa kang nikahêna ||
10. Selarasa nêmbah matur aris | kakang Selagănda kèngkènana | punggawa mantri sakabèh | dika tibali gupuh | ngalun-alun saditên mangke |[95] anêmbanga gamêlan | mangke kakang prabu | miyos anon pagêlaran | yèn wus nikah paman Lubama ing pundi | tiyang [ti...]
--- [f. 86r] ---
[...yang] kang dika bêkta ||
11. saking kunjara Ki Ujum Sidik | Ki Lubama nauri wêcana | anèng sitigil prênahe | kêrsane kêdah kantun | dhatêng pura basane ajrih | dhatêng raka andika | ki ujum wis wêruh | yèn andika trusing nata | waliullah Selara muwus aris |[96] paman lah tibalana ||
12. Ki Lubama miyos dhatêng jawi | Selarasa matur ingkang raka | si kakang pijêr mangkene | angur andika mêtu | Selagănda angêliring rayi |[97] ingsun tajin tan wikan | ing wong kene durung | awawuh lan winawuhan | Selarasa angêling andika puniki |[98] api-api tan wikan ||
13. pan punika êmban salah siji | yèn dèn kèn anguwari ing jaba | dika silih ing nyi ipe | sakyèh ingkang angrungu | sami suka jalu lan èstri | pun êmban nulya nêmbah | amit sigra mêtu | anibalakên ing jaba | sampun apyak gamêlan munya rêrangin | kang seba dhêdhinginan ||
14. sampun prapta mangke Ujum Sidik | ing ngajêngan kalih Ki Lubama | Selarasa apan age | wus ingancaran lungguh | sinatata Ki Ujum Sidik | parêng Ki Selarasa | linggih ing bêbatur | Selasyara angandika | pan ki ujum dawêg satata alinggih | ing luhur lawan ingwang ||
15. amardapa ki ujum sarya ngêling |[99] kula nuhun sih i jêngandika | kawula dede layake | Selasyara amuwus | têka dika silib ing ati [a...]
--- [f. 86v] ---
[...ti] | tan ana kang mêngkana | titahing Yang Agung | sêgara gunung punika | watu kayu mung anane tumping-tumping | hakekating pun tunggal ||
16. rêrampahên paman Ujum Sidik | sampun tata dènnya lêlinggihan | putra kêkawan[100] linggihe | Ni Rumsari tumurun | akêkênthèn[101] lampahirèki | nujum kinèn akampah | sang putri malêbu | ing jro pura lan sang nata | ni punggawa lan rabine para mantri | kêlawan Ni Jumêna ||
17. wus parentah alah-alah sami | wênèh ana amususi bêras | busêkan wong dalêm kabèh | wontên abêlèh sawung | kang sawênèh kêbo lan sapi | rame wong dalêm pura | wus palaltha[102] wau | sawênèh ana aseba | wus palastha mungguhing rampadan asri | miyos kang pêpundhutan ||
18. rame kang wong ing jêro lan ing |[103] sami suka kang para punggawa | dèn sênggih maksih gustine | kawuwusa ing dangu |
[Ilustrasi]
--- [f. 87r] ---
ingkang ngêpung ing pasar uni | malah wus lingsir kilyan | bilulungan wau | kang kinêpung sampun ilang | arsa bubar tan ana rèhing kya patih | samya ngantos tibalan ||
19. lêlurahing tiyang saragêni | miwah tiyang samya baris tumbak | samya gunêm sakancane | kiyai kapriyepun | ing ecane lampah puniki | Lubama sampun ical | sakancane iku | lêhêng matur ing sang nata | ara wurung kita padha dèn patèni | kabèh tan ana gêsang ||
20. gêgêtuning ing ati puniki | tan gaduga ing akal manira | Ki Lubama ing parane | dening tan ana wêruh | lir dinaut ing Suma Jati | kang sawênèh angucap | ing panyananingsun | gamêlan muni punika | Ki Lubama wus nungkul ing sri bupati | ngaturakên kêthokan ||
21. ngasrahakên anakipun èstri | dadya suka kangjêng sri nalendra | mulane gamêlan rame | saunduring [sau...]
[Ilustrasi]
--- [f. 87v] ---
[...nduring] sang prabu | pan sakèhing tan aranan sih | sêmune kasungkawan | ing anake iku | samêdyaning awêcana | amiyarsa syarane bêndhe nitir |[104] mêpêk sakèhing totonan |[105]|
22. padha kumpul ing darparagi |[106] sri nalendra pan lagya sinohan | bêlabur ika karsane | sêdaya wadya gupuh | ngalun-alun agêlar sami | sêlamining ngawula | dèrèng nandhang catu | bêlabur miwah kagungan | balik sabên taun kapundhutan picis | wadyanipun dèn nulak ||
23. Selagănda sampun nitih tèji | Napasmadu ingiring ing bala | kêpati yèn ngiring kabèh | anggarêbêg ing pungkur | piniwayah kang kêkulambi | ngapit kèri lan kanan | sèkêt sisih langkung | punika kang nitih kuda | samya ngiring ing pasar sadarparagi | katur ing Selagănda ||
24. sampun pêpêk kang para dipati | Selagănda mantuk cêcongkêlangan |[107]
[Ilustrasi]
--- [f. 88r] ---
prapta ngalun-alun age | gupuh dènnya tumurun | saking kudanira aririh | ningali ingkang raka | anèng sitiluhur | songsong kêmbar katingalan | Selagănda mamêndhapan lampahnèki | adan mandhêg ing ngarsa ||
25. anèng ngayunanira alinggih | Ki Lubama Ujum Sidik ika | lungguh munggèng ing kèrine | pan puniku sampun |[108] angrèh wadya Ki Ujum Sidik | kalih pêkir Lubama | Selagănda sampun | jumênêng patih mangkurat | sri nalendra alinggih ing parang paksi | kinubêng ing pawongan ||
26. Selarasa wau dat[109] apti |[110] kasukanan wau kawibawan | tansah ngayunan linggihe | tan têbah lan sang prabu | kunêng mangke sri narapati | wus abêncah bêrana | reyal lawan kampuh | sinjang rewange kang arta | sinungakên wau dhatêng kyana patih | kinèn bêlaburêna [bê...]
[Ilustrasi]
--- [f. 88v] ---
[...laburêna] ||
27. pan wêrnadin[111] punggawa lan mantri | myang lêlurah bêkêl lan kêbayan | sampun dinadaran kabèh | pêpundhutan lumitu[112] | dhêdhaharan saking jro puri | asêlur kang abêkta | rampadan lan sêkul | pêpundhutan sri nalendra | tan upêtan samya nandhang lungsir kuning | wus katur ing sang nata ||
28. sêsampuning dhahar sri bupati | abêngipun[113] sampun ingalapan | para garwa dhahar kabèh | punggawa mantri sampun | panakawan sami abukti | tan ana kalintangan | wrata wise sampun | palastha kang dhêdhaharan | sri nalendra angêlirik dhatêng kang rayi |[114] akèn nyênyinggahêna ||
29. Selarasa nibali ing mantri | pangawinan anêninggahêna | gumêra[115] ika syarane | nyênyinggahakên sampun | Selarasa gupuh rumihin | dhatêng ing kapatihan |
[Ilustrasi]
--- [f. 89r] ---
Selarasa mungkur | sang putri mêdal ing pura | pinaesan pinanganggèn sarya adi | lir widadari kendran ||
30. sri bupati arine dèn sèngi | yayi patih aja barêng ingwang | kanthinên ika rabine | kang kinèn awotsantun | akêkanthèn lawan kang rayi | mantuk ing kapatihan | cingak kang andulu | rabining mantri punggawa | rêmên mulat lir Kamajaya lan Ratih | ing warnane kalihan ||
31. baranane binakta ing puri | ginotongan dhatêng kapatihan | sang nata ngiring wurine | rame malih ing pungkur | wong nênonton jalu lan èstri | lir anêcêpa kamal | kumêcrê[116] andulu | wus prapta ing kapatihan | dhêdhaharan malih punggawa lan mantri | rame samya kasukan ||
32. sri nalendra mantuk dalêm puri | sêsinggahan mangke wus kalintang | sang nata ika mantuke | lan pramèswarinipun | Ni Rumsari [Ru...]
[Ilustrasi]
--- [f. 89v] ---
[...msari] tansah kinanthi | dening sri naradipa | praptèng dalêm agung | pramèsyari lawan patah | kawan dasa lawan garwane Sang Aji | ing Atashulu ika ||
33. sinung dhatêng Lubama sêpalih | kang sapindhah dhatêng ki Sabandar | Ki Ujum Sidik wastane | kêlangkung sukanipun | langkung malih sakèh ningali | wadyabala sêdaya | sami atur-atur | nêngêna caritanira | pinisalin pupuhing ika ing wuri | nêmbang yudakênaka ||
27. Pangkur
1. warnanên mangke Sang Nata | Atashulu sira Sang Raja Kusyari |[117] kalih patihe dhinapur | dinakok[118] anèng wona | dening Selarasa kalane ing dalu | apan sapang[119] cinêngkalak | ginandhèng lan patihnèki ||
2. injinge wungu anendra | duk ing nguni binirat maksih guling | tinangi sêsirêpipun | dening Ki Selarasa [Se...]
[Ilustrasi]
--- [f. 90r] ---
[...larasa] | satangine sang nata sru kurdanipun | kang patih sapa ta baya | anyêngkalak kita iki ||
3. dening ta arewang setan | rewangira paduka patik aji | katiga tiyang satêluh | ing pandugi kawula | pun Lubama malês dhatêng sakitipun | sang nata kalintang duka | abanting-banting pribadi ||
4. datan pêgat ingkang tambang | saya kukuh salawasane sakti | sakit kêrasèng bêbalung | sang nata asru majar | ara pira têtali lawe tan kukuh | lawe wênang pitung lêmbar | sanggup ingsun mêgat iki ||
5. dinêdêl lawe tan pêgat | têka wuwuh lawe têka ningsêti | dèn palagakên ing kayu | karsane mrih ucula | rosanira sang nata dêlasan rubuh | kadhempot kapising pisan | ki patih mêngkotên malih ||
6. tambuh-tambuh polahira | ora ucul kang saya aningsêti | saya kêrasèng bêbalung | sampun ambêk matia | kyana patih kalih sang nata lumayu | anrajang wona gêratan[120] | wraksa katêrajang mati ||
7. wraksa gêng kathah-kathah kang rusak |[121] anêrajang dhatêng sela sang aji | sela katêrajang gêmpur | prandene tan dèn etang | nunung[122] gugur sasigar dening sang prabu | kasasar anèng ing wona | prapta pinggiring pasisir ||
8. sang nata wus tanpa wêrna | kalih patih anèng pinggir pasisir | kacapa ingkang lêlaku | anèng têngah samudra | waliulah tansah angambang ing ranu | ajêjuluk Sèh Mêlaya | karsane
--- [f. 90v] ---
anênulungi ||
9. yèn ana palya kasanglad | palya agêng lan palya alit |[123] yèn katinggalan dèn bantu | tan ana karyaneka | tansah tulung ing sakèhing manggih kiwuh[124] | yèn na pêrau dagang |[125] yèn kapapag ulih bathi ||
10. utawi sih wong miyosa | yèn kapanggih lawan waliulèki | pasthi kathah antukipun | ya ta nulya katingal | dèn sang nata asru dènnya nguwuh-uwuh | dhuh bêthara guru amba | tulungana kula niki ||
11. bisuk isuk yèn ucula | sun aturi bisuk bakal kêlambi | punapa tinêdha bisuk | kawula tan lênggana | ya bêthara dewa aku nêdha tulung | kang tan kêlêm dening toya | iya ku bêthara mami ||
12. kang bisa ngambah sêgara | ingkang ara kêna tuwa ku kaki | kang karya sabuwanèku | toya gêng ing pawata[126] | lah minggira [ming...]
[Ilustrasi]
--- [f. 91r] ---
[...gira] tuwan amba nêdha tulung | kula wong kinaningaya | lah minggira tuwan dhingin ||
13. Ki Sèh Mêlaya miyarsa | wontên nguwuh pinggir pasisir |[127] Ki Sèh Mêlaya andulu | dèn parani lolonan | saya parêk sang nata anjungkêl sujut | umatur sri naranata | andika tulungi mami ||
14. Ki Sèh Mêlaya atanya | dening apa sira dèn cêngkalaki | sang nata lan patih matur | măngsa borong bêthara | uning sajroning manah gusti sang ulun | nêdha ucul ingkang tambang | binjing kawula wangsuli ||
15. sawarnane kang bêkakak | kêbo pèndhèk lawan bêkakak babi | kêbo sapi miwah wêdhus | kawula botên kirang | sok ucula andika sênadyan bisuk |
[Ilustrasi]
--- [f. 91v] ---
dhatêng ing wisma kawula | bèbèk ayam kula sugih ||
16. akathah sanggup kawula | lamun ucul kawula minangkani | ki êsèh mèngsêm angrungu | ing ature sang nata | aris majar Ki Êsèh Mêlaya wau | dudu êjin dudu dewa | ingsun padha lan sirèki ||
17. apa mulanirèng kina | kasandhangan sira apus têtali | Raja Kusyari umatur | datan dosa kawula | pan kawula dèn kaniaya ing dangu | dèn lindhih nêgaraningwang | donya brana dèn alpi[128] |[129]|
18. kala iki tan nalendra | kang sanunggal patih mami iki |[130] katungkul kawula dangu | dening wadya prayoga | ing têgale balaningsun bisa nêluh | ki êsèh wêlas miyarsa | ature Raja Kusyari ||
19. Ki Sèh Mêlaya anyandhak | astanira sang nata [na...]
[Ilustrasi]
--- [f. 92r] ---
[...ta] lawan patih | karsane ki êsèh wau | anguculana tambang | tiningalan lawe pitung lêmbar wau | ngandika sajroning manah | apa mulanira iki ||
20. dening lawe pitung lêmbar | têka kukuh bari ta anglêlarani |[131] waspaos dènnya andulu | anuli katingalan | ana tulis muni namaning Yang Agung | angandika jroning manah | pantês iki wong abêcik ||
21. sang nata sru awêcana | tuwan enggal dèn uculana mami | suka wadenên wak ingsun | wong roro tan lênggana | rèhêning tuwan anguripi dhatêng ingsun |[132] Ki Sèh Mêlaya ngandika | bapa ara sanggup mami ||
22. kêrana ta iku bapa | tapak tangan ing wong sakti linuwih | kêkasihing Yang puniku | pantês ukuming Allah | ana tăndha muni namaning Yang Agung | yèn sira arêp ucula | anuta agam[133] mami |[134]|
23. ngucapa sadualla |[135] kapindhone Mukamat rasul nabi | utusane Yang satuhu | mundêlik sri nalendra | kalih patih asya dènira amuwus | luput binadhe wong ika | padha panêluhanèki ||
24. lamun ingsun yèn ucula | ara wêdi ingsun banting-binanting | mêlayu sarya amuwus | angur ingsun matia | Sèh Mêlaya sampu[136] nêngah tan kadulu | ngambah têngahing samudra | kocapa Raja Kusyari ||
25. langkung dènika[137] sangsaya | lamun mangan gadhong lêmês [lêmê...]
--- [f. 92v] ---
[...s] de bukti | lawan babakaning kayu | singa ingkang kêpapak | ngasih-asih tansah sok anjaluk tulung | sawênèh angrasa wêlas | sawênèh angrasa wêdi ||
26. ana sêparo kang wêlas | dèn uculi bêbandane tan kêni | ana kang ingiris wau | wênèh ana kang bakar | kang abacok pêrandene nora ucul | sangsaya kêrasa lara | sang nata kêlawan patih ||
27. wontên palya lêlayaran | kirang toya karsa ngambila warih | sanunggal wong saking Ngêrum | baita kang sanunggal | saking Selan wastane Nakuda Undrus | awasta Nakuda Dinar | saking nêgara Ngêrum singgih |[138]|
28. Nakuda Undrus ing Selan | apan angsal toya sêdaya sami | mila
[Ilustrasi]
--- [f. 93r] ---
maksih samya labuh | pêndhega anèng dharat | ngambil kayu kapêthuk lawan sa[139] prabu | kalih lan patih mangkurat | samya nêdha tulung mangkin ||
29. wong kathah ajrih tumingal | pan mêlayu kathah ngungsi bênawi | Raja Kusyari tut pungkur | dhatêng pasisir pisan | têka dhempok wuwusing amêlasayun | kyai anêdha sêga |[140] sakêpêl têmtămba[141] luwe |[142]|
30. tan kuwawi luwe tuwan | sami mudhun sêdaya wong bênawi | sang nata sami dèn rubung | ana kang awèh sêga | ki nakuda angêling ing bêndheganipun |[143] bocah padha undhunana[144] | kapriye yèn mangan iki ||
31. sêdaya sami tumandang [tu...]
[Ilustrasi]
--- [f. 93v] ---
[...mandang] | anguculi têtaline tan kêni | bandhega sami tumurun | sêdaya gênti sira | ana dulang sawênèh kang awèh nginum | Nakuda Undrus wêcana | aja dèn gawa wong iki ||
32. nakudi[145] tilar wêcana | mêngko ingsun kang gawa wong puniki | pangane bisuk ingitung | yèn wus têka ing bandar | kita êdol măngsa bisuk ara payu | lah bêndhega ugahêna[146] | aja maras sri bupati ||
33. angêling Kya Patih Mangkurat |[147] wus pinêrnah ing petak lan ki patih | papak lawan juru batu | wus padha dinulangan | sêkul ulam kêlawan têtêdhan wau | dawêk ta lah salin têmbang | wong anom ingkang gumanti ||
28. Sinom
1. sarêng samya ngêbat layar | palyaning Nakuda Kêling | angin timur binabaran | layar sami tadhah kèri | wus nêngah silêm wukir |
[Ilustrasi]
--- [f. 94r] ---
palyaning Nakuda Undrus | kadya jinurung ika | layare laju lêstari | Ki Nakuda Dinar wau lampahira ||
2. kalembak têka nyalimpang | awor kêlawan wêwulik | kasusu surup hyang arka | lintang wulan datan kaksi | pêtêng mega limuting | tan katon lor lawan kidul | kaburu păncawura | tanbuh parane bênawi | pan sêdalu midêr anut ing pawona ||
3. saksana palya kasanglad | ing pulo datan kaèsi[148] | juru mudhi gundham-gundham | dening apa kang kamudhi | hèh batur apa iki | tangguhana juru batu | kamudhiningsun kandhas | dèn tangguhi tan kaèksi | katingalan baitane sampun nyanglad ||
4. nakuda srêngên kalintang | dening apa kita iki | alayar nora karuwan | limut dening pêtêng ati | hawaning saking wingking | padha kêmbar angin timur | kakuning atiningwang [a...]
[Ilustrasi]
--- [f. 94v] ---
[...tiningwang] | sabên kita angêdhèri | têka iki pêrau kari agêla ||
5. ing sira sanak badhèn-ga | apa mêsalahe iki | kari dening kang Nakuda | Undrus ing awan wus kêthip | badhèn-ga matur sami | tan kadugi mulanipun | măngsa barong ngandika | nakuda èngêt ing galih | dene ingsun sajêge amot wong ika ||
6. wong kang nunut iku padha | udhunêna dèn agêlis | juru batuning angucap | wontên ing babêngkok ngriki | turu botên angêlilir |[149] jère kawarêgên majuh | ki nakuda wêcana | bocah udhunêna agêlis |[150] dèlèhêna ing gagisik bae endah ||
7. anulya jinurung padha | binuwang anèng pasisir | kya patih lawan sang nata | prandene datan anglêlilir |[151] palya nêngah tumuli | samya dhêdhayungan sampun | dha[152] ta anuli padhang | lintang lan wulan kaèksi | angin dhaya rame sami ngêmbat layar ||
8. wus sumirat bangbang
[Ilustrasi]
--- [f. 95r] ---
wetan | nakuda layar lêstari | sampun mijil sang yyang arka | kocapa sri narapati | kapanasan anglêlilir |[153] satingalira kagêntun | dening tan anèng palya | kang patih tangia agêlis |[154] kyana patih sigra tangi kêndadapan ||
9. dhuh bêndara gustiningwang | dèn buwang kita puniki | nêdha angulari desa | kang kenging dipun ngèngèri | lah iya kakang patih | sakarsanira sun turut | payo ja kêlayatan | sigêgên datan kawarni | lampahira sang nata ngulati desa ||
10. wontên malih kawarnaa | Sang Nata ing Pulo Jingjrin | langkung arêg[155] sanêgara | sêkathahing êjin kapir | saru saking nêgari | Pulo Dhêndha mulanipun | dadi arêg sang nata | sanêgara sami sêdhih | Pulo Dhêndha badhe mantu sri nalendra ||
11. kapindho sami jin kupar | milane milu prihatin | miwah sakèhing sêntana | samya kinèn angulati | dhatêng ing sri bupati | Ratu Pulo Dhêndha iku | sing sapa manggihêna | badhe mantu sri bupati | pan ginanjar santana wrat pitung lêksa ||
12. pan sakathahing jin kupar | kang kapalêsat ajurit | ing laut lan Selarasa | kang tibèng sêgara wukir | sêdaya kumpul malih | ratune sabalanipun | nèng Pulo Jingjrin ika | marminipun kumpul malih | pan sang nata uninga warta mangkana ||
13. yèn kadhang[156] mantu tan ana | marmine arêk kapati | wau wanci dhawuh tiga | sang nata miyos tinangkil | pêparab sri bupati | Maharaja Sindu Mahpul | wayahe sri nalendra [na...]
--- [f. 95v] ---
[...lendra] | pan darbe putu satunggil | duk sinawan[157] kang putra jajar nèng ngarsa ||
14. putra jalunipun gangsal | ing pêri iku satunggil | iya iku kang linamar | Ratu Pulo Dhêndha uni | kêkasihe kang siwi | pêmbayune Raja Simun | panggulune wanita | akêkasih Dèwi Lasmin | kang panêngah jalu Sang Raja Sindura ||
15. kang sumêndhi Raja Sirman | Raja Sirdana rinèki | putra kang wuragil pisan | kêkasih Raja Sirpati | sang gangsal jajar linggih | sawingkinge para ratu | samya konjêm ing kisma | wêdanane para aji | langkung ajrih tan ana ingkang angucap ||
16. sang nata gora ngandika | dèn inggal Raja Kowari | tutura kalane ilang | mulane sang rajaputri | paranèku mring ngêndi | apa jin kang gawa iku | tutura kang pratela |
[Ilustrasi]
--- [f. 96r] ---
Raja Kuwari sung bêkti | inggih nuhun milane kadi punika ||
17. botên ta ijêngandika | mundhut mastakane êjin | Islam dhatêng putra tuwan | nutên angêlurug sang aji |[158] kutha ing Pulo Rukmi | wis kabêkta ratunipun | kang aran Ki Mas Putra | punika botên kêpanggih | Raja Palmin nênggih sampun kinunjaran ||
18. wêtawis kalih sêsăngka | lamine Sang Raja Palmin | kinunjara ing Madhêndha | benjing sontêning tinangkil | putra tuwan raka ji | tunggang ardi nutên kundur | ngêdhaton putra tuwan | kawula kinèn akêmit | kalih sanak kawula lan pun Kuwara ||
19. injinge wontên têngara | sinênggih Sang Rajaputri | Mandhêndha arsa cangkrama | kawula kalih angiring | angapit munggèng kèri | ing sêmudra kang dinunung | kakang prabu tan memba | ing ngriku kula ulari | tênggane ta sang putri kundhang [ku...]
[Ilustrasi]
--- [f. 96v] ---
[...ndhang] manusya ||
20. ingkang wasta Selarasa | asêsumbar-sumbar duk jurit |[159] badhe kawula punika | srayane wong Pulo Rukmi | marmi kawula gusti | sêdaya jin samya kawur | kêlangkung ing prakosa | dêdêgipun andhap alit | pangamuke kalih camêthi kewala ||
21. sri naranata bramatya | miyarsa tuturerèki | jaja bang kadya sinêcang | kumêdhut padoning lathi | sêmunira ngajrihi | lir mêtu gêni ing tutup | asru dènnya wêcana | hèh kang Patih Cakrabumi | têngaraa dina mêngko ingsun lunga ||
22. ing Pulo Rukmi sun arah | kuthane ingsun abongi[160] | sun kêlêm pulone pisan | dimèning dadi jêladri | puwas rasaning ati | sakyèhing lam ingsun lêbur | samadyaning wêcana | punang jin apyak ing jawi | jin sanunggal punika asung wuninga ||
23. Sandu[161] Mahpul awêcana | patih [pa...]
[Ilustrasi]
--- [f. 97r] ---
[...tih] sapa bisik-bisik | ing burimu apawarta | anêmbah pun Natabumi | kawula nuhun gusti | anênggih dasih pukulun | inggih mêndhêk manusya | kêkalih dèn cêngkalaki | ing sêmangke wontên jawi pangrantunan ||
24. sri nalendra awêcana | hèh patih gawanên mulih | si manusya ngarsaningwang | arêp reyang têtakoni | Islam atawa kapir | lah yèn Islam ta puniku | age sun sêmpal-sêmpal | lawas sun tan mangan daging- | ing manusya lah patih dèn marèng ngarsa ||
25. Kya Patih Nyakrabuwana | miyos ing jawi dèn iring | dening êjin sasêliran | pratèng pangrantunan aglis | sang nata kalih Patih | Mangkungbumi[162] sampun katur | cinangking kèri kanan | lir kang puk salêmbar iki | sampun katur ing ngarsanira sang nata ||
26. kya patih mêndhêk ing ngarsa | punika katur dewaji [de...]
[Ilustrasi]
--- [f. 97v] ---
[...waji] | warnine punang manusya | ingkang tuwan andikani | sri naradipa angling | dèn marene ngarêp ingsun | wus binêktèng ngajêngan | sang nata kalih kya patih | Sang Kusyari kêlangkung ing ajrihira ||
27. mirêng syarane sang nata | mêrêm netrane kapati | mangkana sajroning nala | kaya priye ingsun iki | tan wurung ingsun mati | syarane bae kêlangkung | mendah gênge sang nata | lan rusane apa maning | pêpatihe kuwat nyangking marang ingwang ||
28. sri naranata ngandika | hèh wong sapa ranmu iki | lan sing ngêndi angsalira | têka anandhang têtali | sapa ingkang nalèni | enggal matura maringsun | Patih Cakrabuwana | angoyok dhatêng Kusyari | lah matura manusya marang sang nata ||
29. mêrêm wêdi ana paran | manusya wruhanirèki | ya iki Sang Maharaja | Sindu Mahpul [Mahpu...]
[Ilustrasi]
--- [f. 98r] ---
[...l] kang linuwih | sakathahing kang êjin | iya ratuku kang mêngku | kinajrihan sajagat | lah matura dèn aglis |[163] ya ta ngucap Kusyari sajroning manah ||
30. yèn ingsun têka mênênga | mêngko ingsun dèn patèni | kumêmbêng ature mêgap | sakêlangkung dening ajrih | kawula nuhun gusti | dewa pangèsthining ulun | garu pangarca manah | batharaningsun kang asih | muga luputêna sirike sang nata ||
31. kawula wong saing[164] Atas- | hulu wastane nêgari | pan kawula iki nata | kawula Raja Kusyari | sang nata mangke angêling |[165] tan linyok bêbatang ingsun | iki jalu utama | katêngêr gupaking angling | tansah nêbut guru yyang lawan bêthara ||
32. tandhane tate amudya | tunggal kawruh lawan mami | apa mulanira nata | atêbah mangkene iki | matur Raja Kusyari | kawula nuhun pukulun | tiwas [ti...]
[Ilustrasi]
--- [f. 98v] ---
[...was] patak bêthara | ing wadya kirang pamardi | botên kula bêkta amuja brahala ||
33. dadosipun ta bêthara | angangge idhêp pribadi | anut ing Nabi Mukamat | kang cilaka ina miskin | inggih ta lami-lami | dados panêluhan agung | awasta Ki Lubama | sraya anak putu nabi | kinèn gêcêk ing nêgari omba tuwan ||
34. rencangipun wong têtiga | katiga tigang kang nyilip | sakti panêlunanira[166] | tuhu yèn wong bisa nyibil | bapak aji sakalih | duk patih pun binalênggu | kawula tan uninga | tilêm kawula kapati | dipun sirêp gapura lan panêluhan ||
35. nênggih wasta Selarasa | sêsumbaripun duk jurit | pangakênipun wos pêrang | lan êjin anjêjarahi | ing Pulo Dhêndha uni | ratunipun sampun lêbur | dening pun Selarasa | kanggêk kang nata miyarsèki |[167] sri nalendra arsa wuwuh têmbang durma ||
29. Durma
1. hèh Kuwari sapa arane manusa | kang sira tutur uni | kang anyidra ika | dulure mantuningwang | Raja Kuwari nauri | pun Selarasa | ing wastanipun gusti ||
2. kyana patih matur dhatêng sri nalendra | patut puniki gusti | ature pun Raja | Kusyari ta punika | Raja Mahpul mangkin angêling |[168] bêndu kalintang | anggrêgut sri bupati ||
3. kadi yaksa tandange kagila-gila | anggrêgut naut rawis | asru angandika | agor syarane gêtak | lah patih uculna aglis | cêngkalakira | sêkarone dèn agêlis |[169]|
4. inguculan cangkalak dening jin kathah | ana ingkang [ing...]
--- [f. 99r] ---
[...kang] angiris | wênèh ingkang diyan | pinutung kang cêngkalak | wênèh ana kang bacoki | jin pêpilihan | sêdaya anadangi[170] ||
5. kang sawênèh dèn abong nanging tan pasah | sakathahing kang êjin | samya atêtandang | prandene datan pêgat | kêrasa bêbalungnèki | liwat laranya | anggêro sri bupati ||
6. Sang Kusyari asru dènira wêcana | dhuh tan kasandhang mami | sakite kalintang | tulang nyadya[171] rêmuka | yèn tan kêna kang têtali | aja ngalapan | ngur maksih kang têtali ||
7. Maharaja Sindu Mahpul anêrajang | sigra dipun tingali | wau kang cêngkalak | gawokira kalintang | ningali ingkang têtali | ora kêjamak | lawe mung pitung iji ||
8. Sindu Mahpul alon dènira wêcana | ora pêsaja iki | lah ta turunêna | patih sakèh brahala | têtilare ingkang dhingin | buyut bêthara | ingkang agawe uni ||
9. lah gawea bêkakak wêdhus dèn enggal | wus sami mintar aglis | gumêrah suwaranya |[172] ingkang karya bêkakak | suwarane kêlèng muni | lawan badhingdhang | tambur gêntha lan bèri ||
10. sampun dhatêng brahala wêsi sêdaya | lawan sêsajèn iki | sêkar sarampadan | dupane sinulêdan | padam malam amêrapit | kèri lan kanan | angabong mênyan putih ||
11. nulya prapta bêlis lanating brahala | ingabahakên nuli | êndhasing brahala | dèn abahakên ika | manggut punang rêca wêsi | gawok kang mulat | ningali rêca wêsi ||
12. ing lambene
--- [f. 99v] ---
brahala wêsi wêcana | hèh Sindu Mahpul iki | sabar têmên sira | anguculi cêngkalak | mendah yèn têtali wêsi | lawe salêmbar | prandene nara kêni ||
13. ingsun jaluk mêngko bêkakak manusya | sang nata asru angêling |[173] patih kokonana | êjin kang sasêliran | dèn enggal kunêng ngulati | sigra muangkat | sakêdhap nulya prapti ||
14. ing pêgagan kapanggih wong kêkurênan | adus wêwuda sami | wau ingkang lanang | dèn jirêt wus palastra | rabine ajêrit-jêrit | sarwi dèn sundhang | lara dènira nangis ||
15. kantun raga kang atma sampun binêkta | katur ing Sri Bupati | Sindu Mahpul sira | kocap kang anèng gaga | sakadange samya prapti | arsa têtamba | sawênèh angraupi ||
16. dèn arani kêna antu sêsambangan | wênèh ngarani bêlis | wus datan kacapa | polahe kang manusya | wuwusên kang êjin [êji...]
[Ilustrasi]
--- [f. 100r] ---
[...n] kapir | pan sampun prapta | ing ngarsane sang aji ||
17. sampun katur bêkakak wong mring sang nata | sri nalendra lingnya ris | matur mring brahala | iblis gumuyu suka | ya ika kabelan mami | lan maning ana | kang ilok adus mahrip ||
18. iya iku patih ing kabelan ingwang | wong êkèl adus mahrib | iku caosêna | yèn sira mudya ingwang | lan wong adus anèng kali | têngange ika | iku kabelan mami ||
19. lawan malih sang nata angulatana | sakathahe ta pêri | lawas êlèk ika | olèh ro wêlas dina | iku maksih mêtu gêtih | miwah manusya | iku sarating mangkin ||
20. usapêna gêtih maring ta wong ika | ing tang ing tangane Kusyari |[174] wis ta lêkasêna | pêpatihing brahala | kang têtali sirna ênting | ya ta Sang Nata | Kusyari lan [la...]
[Ilustrasi]
--- [f. 100v] ---
[...n] kya patih ||
21. sira Raja Kusyari asih kalintang | miwah dhatêng ing pêri | lawan ing brahala | panglêmbana kalintang | panêmbahira kapati | angêlosod sira |[175] ing padane sang aji ||
22. dhuh bêthara dewa kawula yang tuwan | tulusêna dewaji | wêlas ing kawula | kula asrah nêgara | rêbutên ing prang dewaji | katur sêdaya | isine kang nêgari ||
23. pan sadhèrèk kawula inggih wanita | katur dhatêng sang aji | lumayan kewala | ing warnanipun pelak | badhe kêmita yèn guling | kawula suka | wadenên inggih gusti ||
24. dèn tandhinga kawula inggih kuwawa | kawula lawan patih | yèn pêsajaa |[176] sampun dèn panêluhan | yèn karosan maksih wani | samangke nêdha | rinêbat ari mami ||
25. Sindu Mahpul asru dènira ngandika | aja ku
[Ilustrasi]
--- [f. 101r] ---
walangati | nadyan ampuhana | ingong măngsa wandeya | ingkang sun arah ing pati | apan wus lawas | aku ngulati warti ||
26. pan têmbene aku ulih warta nyata | lawan aku ngulati | iku satruningwang | inyong arsa tumindak | Selarasa sun tandangi | lah tuduhêna | aku Raja Kusyari ||
27. sira patih mêngko nêbanga[177] têngara | besun[178] ingsun idaki | pêpêkên sêdaya | êjin kang papilihan | pêpêkên sadina iki | samya luwaran | kasmaran ing jro ngati ||
30. Asmaradana
1. pêpêk samaktane jurit | gêmbilo lawan jin kupar | dadi cucuk ing ngarsane | Raja Tambul balanira | sakutu-kutuning setan |[179] lan malih wawêdinipun | ingkang jalma pan binêkta ||
2. tunggang awor banaspati | thethekan lan ilon-ilon [ilon-ilo...]
[Ilustrasi]
--- [f. 101v] ---
[...n] |[180] antu pating gutayange | êndhas abang setan ika | kang tanpa kulit ana | kêlèk-kêlèk balung mundhun | kamangmang pating paluncar ||
3. êndhêp-êndhêp kabèh prapti | gambilo dhêngên ajajar | lêlawe yèn gagêndhone | uwil kalih gariwisan | wewe agurayahan | èpèk-èpèk mapan sampun | sêdaya pating gulayap ||
4. surup yyang arka tumiling | wêngi lurug ing sang nata | tan dangu anèng margane | lampahipun tan angambah | dhatêng ing siti kisma | êjin raga alus-alus | tan kêna dèn wicaraa ||
5. ênêngêna ingkang lumaris |[181] paosing carita garoh |[182] kawuwusa sêkalane | Prabu Anom apan lagya | tinangkil dening wadya | dening ingkang para sunu | ing made cara manyura ||
6. pêpêk kang punggawa mantri [ma...]
[Ilustrasi]
--- [f. 102r] ---
[...ntri] | sajênêngira sang katong |[183] ênting sang nata sukane | sakathahing ingkang wadya | kang agêng alit muwah | awêdi sêdayanipun | akèh arsa tingrana |[184]|
7. miwah sakathahing pêkir | kêtib mudin lawan kisma | angiring para pêkire | ya ta wau Ki Lubama | rada kapiring lênggah | munggèng kiwa Sidik Ujum | ingiring ing santri kathah ||
8. tabit lan dhêdhukun sami | angiring kang ujum padha | Kya Patih Selagandane | apan samya mugèng ngarsa | lawan kang rayi jajar | Selarasa aturipun | kang prabu kadya punapa ||
9. jêngandika tanggap malih | pun paman ujum sasêmon |[185] kalih prakara kakange | kadya wontên damêl gatya | wau ingkang samita[186] | Prabu Anom nulya wuwus | sun duga mêngkana uga ||
10. dawêk paman Ujum Sidik | tutura dipun sênyata | ki
[Ilustrasi]
--- [f. 102v] ---
ujum wau ature | inggih gusti ta sandika | sang aji tur kawula | paduka katêkan wau | mêsah sampun wontên marga ||
11. atur kawula karihin | punika sêmangke yaktos |[187] pun Kuwari sapraptane | arsa wangsul ingkang karsa | arsa ngrêbat nêgara | angsal kanthi êjin kupur | sami abala durbiksa ||
12. sung wuninga patih aji | punapa daya sang katong |[188] Prabu Ano[189] ngandikane | iya iku kaya ngapa | kaparimèn ki patya | yayi Selagănda iku | kayèng ngapa karsanira ||
13. patih matur awotsari | punapa kang winaraos[190] |[191] dawêk sinêbadan[192] rèhe | sagêlare ingkang prapta | wau kang êjin kupar | pan angsal angasta iku | sami angajap ing ngarsa ||
14. dugi kawula sang aji | punika kenging tinonton |[193] Ki Selarasa sabdane | sarya nêmbah inggih ta lah | kakang patih kang sêdya | yèn ing yudanipun wêruh | yèn mêsah sami manusya ||
15. pêngawasaning jin kapir | punika sintên kang mêgat | Kya Patih Selagandane | ngujiwata lathinira | yayi maning ta sapa | yèn dede Pandhawa iku | yayi uga kurang apa ||
16. tumungkul dangu tan angêling |[194] Selarasa sêmu wêdos |[195] dhatêng wong kang tarakane | agarjita jroning manah | nanging datan kawêdal | kakang patih ala iku | têka mêdhar ing ngakathah ||
17. mèngsêm sira sri bupati | ningali ing wangsaneka | sami ujung paningale | sang nata sigra amajar | kaparimèn maningnya |
--- [f. 103r] ---
sêkathahing kang adulu | samya kasmaran miyarsa ||
18. kakang kaparimèn maning | pangaruhe bêlis lanat | bok dadi sêsalat gêdhe | angrusak dhatêng nêgara | pêkir Lubama majar | barang kasaktèning iku | bohêna dhatêng pun paman ||
19. bobohaning pêkir mudin | tate ta samya andunga | mênawi dinulur rèhe | anênêdha ing Pangeran | ngaji sakèh panulak | raina kêlawan dalu | mêngko wênèh kasêranga ||
20. punika têtulak wukir | jampi lawan sinêburan[196] | dêringu kêlawan banggle | marica lan bawang pêthak | sêdaya sinêburan | sajawining kitha iku | pacuwan ja na kaliwat ||
21. gusti mêna-mênawi |[197] kenginga dening mangkana | kita lakoni samêngko | mupung ika maksih têbah | istiyare wong gêsang | sakèh pêkir alah payo |[198] kêmit sajawining kitha ||
22. agilir raina wêngi | sigra sami linaksanan | Pêkir Lubama wuwuse | sakèhe marêbot sira | padha angidêrana | sajajahan Atashulu | kabèh padha gawa tumbak ||
23. kawêdining[199] setan bêlis | sadaya sampun siyaga | sakèhe wadyabalane | wuwus ingkang lagya prapta | sakèhing kapir ika | mondhok ing tatêlani iku |[200] sang nata èsmu kèmêngan ||
24. kèmêngan manah sang aji | angangsohakên kang bala | dening kathah tumbak katon | puyêngan sakèhing bala | tan arsa yèn mangsoha | bilulungan sakèh antu [a...]
--- [f. 103v] ---
[...ntu] | ajrih aningali tumbak ||
25. sakèhe durbiksa nisih | tan ana maning mangsoha | sakyèh ngantu bubar kabèh | kêmangmang pating burangkang | pèk-èpèk kulesedan | thethekane mangu-mangu | laweyan ajol-ajolan ||
26. pangrasane kaya gêni | liwat pangrasane panas | êndhêp-êndhêp êmbuh gone | wewe gambilo malalya | saking bêrkating donga | tilawat raintên dalu | iku kang mawi suminggah ||
27. Raja Sindu Mahpul angling | kidêmat marang sang nata | gusti pêjahana bae | kalintang dhatêng sumăngga | dening datan katingal | nêgara ing Atashulu | ing pundi arahe ika ||
28. dening sèh botên kaaksi | punika kang dados sêmang | pun Kusyari [Kusya...]
[Ilustrasi]
--- [f. 104r] ---
[...ri] ing wartane | bok punika adêdora | dhatêng sri nalendra |[201] pan tan wontên nagrinipun | ing Atashulu punika ||
29. kawula kêlangkung ajrih | sakit sarira kawula | ing kulit kadya binêsèt | dèn iris maksih agêsang | sêsamine mêngkana | Kusyari nambungi atur | kawula botên anduga ||
30. gawok kawula puniki | èmêng kawula matura | Kuwari aturira lon | aturmu dhatêng sang nata | lagya anèng nêgara | nyata pasthi ing aturmu | ing mêngko datan karuwan ||
31. Kuwari nambungi angêling |[202] umatur dhatêng sang nata | kawula idêri kabèh | nêgarane tan katingal | sang nata asru majar | kayangapa ing karêpmu | Kusyari sira ngucapa ||
32. Kusyari aturira ris | pukulun [pukulu...]
[Ilustrasi]
--- [f. 104v] ---
[...n] tangguh kawula | inggih punika kêmate | pun Lubama panêluhan | dêrkinipun kalintang | dening kawula andulu | tan sanès mung pun Lubama ||
33. samadyanira agosthi | gègèr sakèh jin sadaya | tumingal dhatêng lawane | mêdal saking dalêm kitha | wong sami atêngara | gong bèri asru tinabuh | awor lawan takêbiran ||
34. sakyèh êjin padha nisih | sakêlangkung ajrihira | sang nata sru pangucape | hèh Raja Tambul majua | lawan sira Kuwara | ratu sakalih wus maju | asêsubar[203] pêtak-pêtak ||
35. mangsoh ing rana sakalih | sarwi ngêlèmbèhakên pêdhang |[204] asubar-subar sang katong | manusya sira majua | aja angadu bala | padha ratu bala sèwu | sapa wani mêtonana ||
36. papagêna tandang mami | sing sapa arsa matia | ya ta kapiyarsa mangko |
[Ilustrasi]
--- [f. 105r] ---
dening Ki Pêkir Lubama | arsa sira maguta | amingkis kêlambinipun | mangsoh amit ingkang putra ||
37. Ki Lubama angêling aris |[205] lanat kapir amêdhanga | Raja Tambul mêdhang age | Ki Lubama datan obah | Raja Tambul sru majar | lah malêsa maring ingsun | Lubama arsa malêsa ||
38. wus ingangkat kang camêthi | sinèbêtakên saksana | kadhempok pun Tambul kiye | pun Tambul sira tan polah | Raja Mahpul nêrajang | Raja Kuwari sing pungkur | kinarubut Ki Lubama ||
39. Kusyari saking wiyati | ikêt pinggange cinandhak | wus tininggil sira age | Lubama ana ing tawang | ya ta sakèh punggawa | anyêgat sing ngandhapipun | Lubama sampun kasăngga ||
40. gumuruh suraking kapir | Raja Tambul wus ingêmban | Lubama anggêro-gêro [ang...]
[Ilustrasi]
--- [f. 105v] ---
[...gêro-gêro] | nangis tan tumibèng lêmah | pan sampun tinadhahan | anglilir ki pêkir sampun | tinêbang[206] maesa wiyat ||
31. Kinanthi
1. ênêngêna lampahipun | kang lagya amangun jurit | paos ingkang caritanya | wontên kang winuwus malih | nênggih wontên kapal ngambang | nêm atus gunging bênawi ||
2. sang ratu sabalanipun | inggih saking Indhu Kusthi | bisikanira sang nata | nênggih Sang Raja Kalithih | bagus anom tur sambada | nanging ratu iku kapir ||
3. turune Lêsmana iku | malah panganggene maksih | gêlunge sinupit urang | ngangge cawêt sondhèr sami | ngangge cawêt bilurêksa | kêncana tinaturanggi ||
4. kêlatbau lur-ulur |[207] kancana bang nata wêning | asawang Arjunasasra | warnane anom apêkik | sinadya nêgara Atas- | hulu wastane nêgari ||
[Ilustrasi]
--- [f. 106r] ---
5. punika sadhèrèkipun | kang wêrdrah[208] Raja Kuwari[209] | Prabu Kalithi panêngah | pan wuragilipun èstri | tinilar duk maksih jabang | têmbenipun ta puniki ||
6. sampun labuh kapalipun | gumuruh amasang bêdhil | sampun mêntas saha bala | wontên kang lêlayu dhingin | sadyane atur uninga | dhatêng Sang Raja Kusyari ||
7. opyak sakèh kang andulu | yèn wontên manusya prapti | ya ta sami cinêkêlan | tinalenan tangan sikil | wus katur dhatêng Sang Nata | Raja Sindu Mahpul angêling |[210]|
8. dèn takonana wong iku | sing ngêndi angsaling jalmi | lawan iki bêdhil apa | gumuruh abêlêbêki | Patih Cakrabumi sigra | Patih Atashulu ngiring ||
9. nulya tinakenan sampun | kadi kêrsaning nêrpati | ature ingkang bêbandan | kawula wong Indhu Kusthi | pinutus atur uninga |
[Ilustrasi]
--- [f. 106v] ---
dening kangjêng sri bupati ||
10. Sang Prabu ing Atashulu | punika warga sang aji | nandhês ature utusan | Patih Atashulu nuli | mêlajêng dhatêng sang nata | matur yèn wong Indhu Kusthi ||
11. Raja Kusyari umatur | amit dhatêng sri bupati | punika wăngsa kawula | prapta saking Indhu Kusthi | kula amit sang bêthara | amêthuk dhatêng pasisir ||
12. sinukan Kusyari sampun | sakathahing wadya ngiring | sakyèh êjin gêgancangan | bêbandan wus dèn uculi | papêlayon raja kupar | kapêthuk kang rayi margi ||
13. piyak baris kang pangayun | Prabu Kalithi ningali | ingkang raka angêling kulya[211] |[212] tilar enggal mêlajêngi | nulya rinangkul ta sira | sakalih samya anangis ||
14. kang rayi kagèt angrungu | sarya sira matur aris | kang prabu dumèh punapa [pu...]
[Ilustrasi]
--- [f. 107r] ---
[...napa] | tuture malangatèni | têka andika tutura | kawula arsa udani ||
15. bocah juputa têtarup | saking kapal dipun agêlis |[213] kang tinuding sigra kesah | tundhangkara yèn wis prapti | santana baita kathah | wus katur ing sri bupati ||
16. atarup sangkêlat dadu | cêcagak sarya ingukir | pinonthang sarya kêncana | palinggihaning rinukmi | Raja Kalithi angucap | kang prabu turuna agêlis |[214]|
17. punapa milane kewuh | sapa wonge adêkèni[215] | Kusyari nambungi sabda | mèh mati si kakang gusti | acidra ing panêluhan | dening ta wadya pribadi ||
18. Lubama arane musuh | umahe ing desa cili | kang andêngkèni pun kakang | srayaning têrahing Nabi | Muhkamad miskin cilaka | Selarasa arannèki ||
19. Prabu Kalithi umamatur [uma...]
[Ilustrasi]
--- [f. 107v] ---
[...matur] |[216] ing mangke wontên ing pundi | satru andika punika | sapitên agêngirèki | Raja Kusyari angucap | tan gêdhe wonge dhap alit ||
20. ing mêngko wus dadi ratu | agêntèni jênêng mami | duk kundur ingsun cinidra | lagi turu dèn talèni | ingsun dibuwang ing alas | karo kêlawan kang patih ||
21. ing kono mêlaras ingsun | patang wulan nora bukti | nuli ana sihing dewa | Sinuhun ing Pulo Jingjrin | panguluning jin sêdaya | kang tulung si kakang iki ||
22. Kiyai Kusyaranipun | lagi yuda salin tindhih | Prabu Kalithi bramatya | miyarsa tuturenèki | tumulya agêlis malêmpat |[217] tandhane bêndu tan sipi ||
23. lamon ara kakang prabu | jin kabèh konên sumingkir | sun sun lawane têtunggulan |[218] Selarasa padha siji | nadyan dipun kêbulana[219] | sakèh panêluhan wani ||
24. sakèh punggawaning ratu | ningali gustine runtik | malêm[220] sing prênahira |[221] mangka sri narapati |[222] punggawa gung kawan dasa | gêlung supit urang sami ||
25. anganggo garu mungkur |[223] andhap lir Arya Sêncaki | jênêngane Tambaksela | wontên punggawa satunggil | agêng aluhur sêmbada | gêlung supit urang sami ||
26. asampêt garudha mungkur | ulur-ulur marbuk asri | karangwistha[224] puspakêrna[225] | sêmune rada ngajrihi | asawang kang Gathutkaca | jênêngane Pringgadani ||
27. sanunggal punggawanipun |
--- [f. 108r] ---
pathela sêmune lungit | jênêngane Purwagănda | lamun mêmanah patitis | sami gêlung supiturang | sêdaya wong Indhu Kusthi ||
28. satunggal kêmbaranipun | sami sampêt abuk asri | jêngane[226] Traju Tisna |[227] awake yayah minangsi | netrane asurat abang | acawêt sondhèr rinukmi ||
29. angsale lagya karuhun | sêdaya wong Indhu Kusthi | têdhake Bêdhara[228] Rama | sêmana kalane dhingin | yuda tambak sindu bănda | punika purwaning nguni ||
30. têdhake Rama puniku | mêngko nyatane wong Kêling | akêkutha ing Maldewa | malah sakathahing Kêling | anut tabiyating Rama | dalah mangke malah maksih ||
31. saking ngriku têdhakipun | kang sêpuh Raja Kusyari | padha nêbut nama dewa | mila Sang Prabu Kalithi | prayatna ata[229] gêlar |[230] bala jin kapir kawingin ||
32. têngara umyang gumuruh | bêndhe gong kêlawan bèri | ana kang angundha gada | bêksa gandhe[231] jêmparing |[232] suraking karêngèng wiyat | kagèt wong Islam mirsèki ||
33. Prabu Anon[233] aris muwus | Selarasa ari mami | apa kang pating galêgyar | akèh payung sun tingali | umatur Ki Selarasa | inggih prabu yakti |[234]|
34. paman ujum apa iku | kêndhang gong kêlawan bèri | syara mêlingi karna |[235] punika ratu sing pundi | Islam atawa sih kupar | umatur Ki Ujum Sidik [Sidi...]
--- [f. 108v] ---
[...k] ||
35. yèn panguninganing usul | punika tanggala ping kalih |[236] wêlas ditêne Sêlasa | satru tuwan angsal kanthi | sami ratu tur kawarga | sah abala anak rabi ||
36. Patih Selagănda muwus | Sêlam atawa sih Kapir | balane angêlot ing ngarsa |[237] ki ujum matur yèn kapir | Patih Selagănda mara | sigra kalawan kang rayi ||
37. sakyèh punggawa andulu | yèn gustine mangsoh jurit | adan nulya ngamuk rampak | sagunge para dipati | sawênèh anitih kuda | satus jarane bupati ||
38. ana ngamuk saking pungkur | bubar sakathahing kapir | kawarnaa raja kupar | tinubak dening Ki Patih | Selagănda saking kuda | Raja Kusyari ngêmasi ||
[Ilustrasi]
--- [f. 109r] ---
39. warnanên sang nata prabu | ngamuk sing luhuring wèsthi | angagêm pêdhang malela | tinatah tinaturanggi | Kêlawan pêkir Lubama | lan sagunge para aji ||
40. sadaya sami angamuk | larut sêkathahing kapir | miwah Prabu Kalithik |[238] ngêmasi dening sang aji | kacapa kang onèng wiyat | Selarasa lan jin kapir ||
41. Selarasa kinarubut | dening sêkathahing êjin | Selarasa tan katingal | kaêbyokan ing jin kapir | Selarasa sru bramatya | dinêdêl lawan camêthi ||
42. sakyèh ngêjin padha kawur | dinêdêl lawan camêthi | Sindu Mahpul sigra mara | bêndunira tan sinipi | karsanira amupua | tinangkis lan dhandhanggêndhis ||
[Ilustrasi]
--- [f. 109v] ---
32. Dhandhanggula
1. Sindu Mahpul sigra nulya nitir | Selarasa ika dan abah |[239] gada wêsi lêbar kabèh | Sindu Mahpul sira sru | mulat dhatêng gadanerèki | sigra sang wirèng yuda | camêthi sinambut | Sindu Mahpul nulya indha | wus mêlayu tan katingal puruknèki[240] | kantun Ki Selarasa ||
2. Sindu Mahpul sigra aningali | Prabu Anom anggana ing rana | dening ta ilang musuhe | sinambêr saking pukur[241] | wus binakta ngambara agêlis |[242] kagyat wau sang nata | Prabu Anom muwus | sapa kang gawa maringwang | arêp sira kapakêna ingsun iki | kaningayane sira ||
3. Sindu Mahpul asru anuhuri[243] | sira uga kang gawe wisuna | dadine sun walês mangke | rasanên deningrèku | nora wurung ingsun jêjuwing | bêbalungmu [bê...]
[Ilustrasi]
--- [f. 110r] ---
[Ilustrasi]
[...balungmu] sun mamah | sang nata tan muwus | Prabu Anom wus alupa | pangèsthining pasrah tandiring[244] Yyang Widi | dhawuh ing raganingwang ||
4. wuwusên mangke sang aji malih | pan wus ilang wau saking rana | kang wadya puyêngan kabèh | Selagănda wus kantun | tan kuwasa usika maning | saicale kang raka | Lubama kagêtun | yèn sang putra sampun ical | Prabu Anom sakyèh wadya nêningali | dening datan katingal ||
5. ri sêdhênge ramene kang tangis | Selarasa mudhun ing gêgana | Ujum Sidik mapan kagèt | Ki Lubama angrangkul | adhuh nyawa bêndara mami | pun paman belakêna | tiwas raganingsun | angraksa ing kakangira | ing samangke dèn gawa dening jin kapir | pun paman tan aduga ||
--- [f. 110v] ---
6. Selarasa mênggah dènnya angêling |[245] kawigêna ing manah tan ketang | anayuti ing trêsnane | tumungkul dènnya lungguh | rame malih wong kang anangis | Lubama tanbuh polah | têka gagar-gugur | karsane anêmburana | jambe suruh dèn aponi lan têrasi | banggêlene iku bawang |[246]|
7. sinênggih daringu sabrang aking | kapisêlêk ilêr darewesan | wong anom dadi guyune | Selagănda wus imut | Ujum Sidik kang ngusadani | lawan Ki Selarasa | kalih sampun imut | Selarasa angandika | paman ujum ana ngêndi lanat kapir | kang gawa sanak ingwang ||
8. Ujum Sidik ature aririh | sauninga kawula rahadyan | ing ditên Rêbo ing mangke | èstri ambêking pandung | saenggale pan botên têbih | kasusul kasusulan | dening prênahipun | ing mega mênggalèr[247] ika | mega kandêl Selarasa nulya lêngis | sakêdhap tan katingal ||
9. maburira mung kalih kêlambi | kuda kalih camêthi katilar | sigra wus kèntèp megane | katingalan sang prabu | angêlampahi surup yyang rawi |[248] dalu ing wayahira | prandene kadulu | pangawasaning manusya | katingalan kang raka kalih dèn cangking | nulya Ki Selarasa ||
10. wus rinêbat kang raka sing êjin | pan dhinupak Sindu Mahpul tiba | ambêlês ing siti tibane |[249] satangine wus mabur | Selarasa [Selara...]
--- [f. 111r] ---
[Ilustrasi]
[...sa] dèn susul maning | Prabu Anom rinêbat | apan wus karêbut | ramene abratayuda | Prabu Anom kapiran tiba ing siti | ana ing alas bana ||
11. ramene prang pan titih-tinitih | wus raina nulya katingalan | yèn kang rinêbat wus règèl | Mahraja Sindu Mahpul | nulya tilar mêlayu agêlis |[250] ya ta wus ingalingan | ing brahalanipun | angidang wangsul sang nata | katingalan Prabu Anom maksih linggih | sinabêr wus binêkta ||
12. pan binêkta awor mega putih | Selarasa kèmêngane manah | wangsul dhatêng nêgarane | prapta ing Atashulu | sampun wikan Ki Ujum Sidik | nêmbah saking têbihan | nudingi mring luhur | wontên ing mega punika | raka tuwan paduka susul tumuli | kang pêthak mungguh
--- [f. 111v] ---
wetan ||
13. Selarasa gupuh dènnya bali | dhatêng mega putih pinaranan | prapta ing mega lampahe | sing awiyat kadulu | sang jin kapir lagya aningit | Sang Prabu Anom sigra | Selarasa ngrêbut | Sindu Mahpul wus dhinupak | Raja Sindu Mahpul mèh tibèng jêladri | bêlis lanat gêlis nyandhak |[251]|
14. satangine wus angrêbat malih | apan gudêr samya rêrêbatan | wuwusên ika lampahe | Dèwi Rêtna Pangrênyuh | pan acaos anèng jêladri | darbe amêng-amêngan | mina sampun rawuh | gigire nusa tambana | sarya bêkta kang mina pêtani rukmi | mungguhing gigirira ||
15. Prabu Anom wus kapiran malih | tan anyandhak tiyang ing samudra | têka tiba ing kasure | Prabu Anom kagêtun | amurcita ing nalanèki | baya ta rahmating Yang | iki ana kasur | baya duwene sapa |[252] wêwangunan pan ingkang sarya ingukir | tur sarwi pêpajangan ||
16. dupi nulih nulya
[Ilustrasi]
--- [f. 112r] ---
aningali | ana èstri Prabu Anom mênggah | gagêtun lênglêng driyane | iki wong luwih ayu | ing satuwuh ingsun dumadi | durung ingsun tumingal | dhingin rabiningsun | sun sênggih tan ana madha | têka iki ana luwih ayu maning | wong apa iki baya ||
17. Prabu Anom lingira amanis | nyai dewa[253] sintên kan sinambat | kusuma ngêni[254] wismane | apajar ing wong ayu | sampun radi kadukan tampi | punapa karsandika | angambang ing ranu | Rêtna Pangrênyuh wotsêkar | inggih nuhun kawula sang nata inggih | caos năngga sampeyan ||
18. amrih sampun dhawah ing jêladri | tiwas kawula angasta pada | kang rayi langkung ing sihe | mendah ing bêndunipun | ing kawula rayi sang aji | yèn paduka dhawaha | kêlêma ing ranu | kawula dados punapa | dening rayi paduka kawula gusti | pasthi kinarya bela [be...]
[Ilustrasi]
--- [f. 112v] ---
[...la] ||
19. sri nalindra angêling jroning ati |[255] dadi apa ingsun kagahana | ragane si yayi ipe | aris wêdaling wêwus[256] | kêtambuhan pun kakang yayi | tênggane sira nyawa | garwaning riningsun | pun kakang kêlangkung nêdha | Sukma Agung besuk kang malês mangsuli | wong urip ing pêjah |[257]|
20. kawarnaa Selarasa maksih | pan sêdalu dènnya băndayuda | lawan Sindu Mahpul rame | gada-ginada asru | tugêl ingkang gadaning wêsi | malah bangun raina | sang nata andulu | kang rinêbat datan ana | Maharaja Sindu Mahpul nguciwani | sampunira ngalingan ||
21. pan brahala bêlis angalingi | kang jin kapir datan katingal |[258] adangu wangsul lampahe | Mahraja Sindu Mahpul | sigra mulat dhatêng jêladri | ing wau wus katingal | Prabu Anom lungguh | anèng patani kêncana | Sindu Mahpul arsa anambêr tumuli | Pangrênyuh wus prayatna ||
22. sang rêtna yu prayatna [pra...]
[Ilustrasi]
--- [f. 113r] ---
[...yatna] ing ati | kang jêmparing trisula kinanan | dèn ayat-ayat tindake | panah lumêpas sampun | ing gulune sang êjin kapir | sarêng tibane ika | êndhas lan gagêmbung | gumêbyur tibèng sêgara | kambang-kambang anggane lan sirahnèki | lir jong asêsampanan ||
23. Selarasa mulat ing jêladri | yèn musuhe wus kambang-kambangan | Selarasa sru bêndune | mulat lor lawan kidul | sapa baya ingkang matèni | marang sang kapir lanat | ya ta nulya dulu | kang garwa anèng samudra | pinaranan kang garwa arsa ginitik | Prabu Anom anyêngkah ||
24. wus dèn wêkang[259] astane kang rayi | ariningsun nyawa gusti aja | apa iki lalewane | yayi wus aja bêndu | rayinira ingkang matèni | ingsun kang akon ika | lah yèn sira bêndu | angur ingsun patènana | ingkang akon aja
[Ilustrasi]
--- [f. 113v] ---
rabinira gusti | kang nguripi si kakang ||
25. Selarasa gumêtêr tan sipi | amiyarsa sabdane kang raka | sêmu kêlangkung ajrihe | amuwus jroning kalbu | adhuh kakang wirang kêpati | sun sidhêp wus palastra | jênênge sang prabu | tênggane ana sihing Yang | Prabu Anom wuwuse awor lan tangis | nyipe kene linggiha ||
26. balik yayi age padha mulih | pan mênawa dadi akèh mêlang | ing sanak punggawa kabèh | eca agunêm catur | nulya prapta jin kang pêkathik | gungipun kawan dasa | lawan kudanipun | pinadêng[260] saking têbihan | datan parêk purun sakathahing êjin | angantos pangandika ||
27. wus ingawe dening sang apêkik | nulya mara punang jin sêdaya | Selarasa ris wuwuse | sira padha sun utus | marang Pulo Rukmi dèn agêlis |[261] matura kangjêng paman | Raja Palmin iku | wong Pulo Jingjrin wus pêjah | kangjêng paman sun aturi jêjarahi | ngumpulkên kang bêrana ||
28. lan anake wong ing Pulo Jingjrin | yayi ingsun akon rabènana | ingsun suka pêlakine | wus muliha dèn gupuh | jaran iku tinggalên ngriki | nêmbah punang utusan | sakyèh êjin mabur | Selarasa awotsêkar | inggih raka kuda paduka titihi | ing pungkur dados sêmang ||
33. Pangkur
1. Prabu Anom nitih kuda | wuwuh bagus palahe[262] ngrêspatèni | kang rayi lumanpah[263] pungkur | kêkanthèn lan kang garwa [gar...]
--- [f. 114r] ---
[...wa] | lir jawata lampahe katiga wau | sang nata lan Selarasa | Pangrênyuh lumanpah wuri ||
2. katiga ngambah gêgana | tan adangu lampahing sri bupati | sakêdhèp netra wus nrawuh[264] | mudhun saking gêgana | wus katingal dening sêngkung |[265] Ujum Sidik Ki Lubama | yèn sang nata lagi prapti ||
3. mantri ingkang atut wutat | kinèn bubar dening sri narapati | kang sêjawi kitha iku | sadaya ingandikan | sampun kumpul sêdaya ing alun-alun | wus sêsêg kang pênganggonan | malah abèr ling[266] pasisir ||
4. kya patih anitih kuda | cêcongklongan sarwi anata baris | pinasang ing alun-alun | tata sêdaya bubar | sêsinggahan swarane umyang gumuruh | Rumsari pêpalajêngan | angure-ure dèn joli ||
5. pêlayune Ni Rumsêkar | samsumèhing[267] pêlajênge pawèstri | Răngga Puspita mêlayu | kampuhe kaleweran | tan dèn etang lumayu anèrèt kampuh | tan ana kang katingalan | amung sang nata kaaksi ||
6. sang nata sampun katingal | dening sang dyah anglungsar anèng siti | sang nata tumêdhak sampun | saking luhuring kuda | dyan sinambut sang putri dening sang prabu | kang grêwa sampun ingêmban | binêkta mantuk ing puri ||
7. Selarasa Selagănda | akêkanthèng[268] kalih garwanerèki | prapta ing jro pura sampun | wancine tunggang arga | Prabu Anom pamuwuse amêlasarum |[269] yayi Patih Selagănda | padha arèrèn ing mangkin ||
--- [f. 114v] ---
8. sakathahing wadyabala | kon kasukan ing jro lawan ing jawi | sakêlangkung sukaningsun | sapraptane sang nata | siyang dalu tansah akasukan wau | warnanên ingkang jarahan | garwane wong Indhu Kusthi ||
9. Prabu Kalithi garwanya | patang puluh wau ing warnanèki | anom-anom ayu-ayu | sadhèrèke sanunggal | maksih kênya samya umarêk mring ngayun | atap alinggih ing ngarsa | lir sêkar sêtaman asri ||
10. lamine ika sang nata | akasukan siyang anutug ing wêngi |[270] tigang sasi aminipun[271] | sang nata ris ngandika | yayi patih ing mêngko ta karsanipun | kabèh saisine kapal | sagamêlan yayi patih ||
11. lawan kabèh dandanana | lan kang rusak bênêrêna dèn aglis | Patih Selagănda matur | aris wêdaling sabda | sanggih[272] sampun pan bêlah sêdayanipun | sami masuk gama Islam | Selarasa ingkang mardi ||
12. pun Paman Lubama tuwan | ingkang mardi
[Ilustrasi]
--- [f. 115r] ---
amurug[273] gama suci | Prabu Anom lingeriku[274] | kapaling momotana | samatane iku yayi karêp ingsun | Selagănda awotsekar | inggih paduka nêrpati ||
13. sigra prapta Selagănda | dyan sêkalih kêlawan ingkang rayi | amariksa kapal sampun | wus samya ni momotan | samatane uwos tuya mapan sampun | bêdhil lan abat[275] wus kawrat | bêdhil lawan watu gêni ||
14. lan sagunge kang bêrana | kakêndhangan êmas sêlaka picis | sêdaya kawrat ing sêlup | Selagănda tumêdhak | saking palwa Selarasa aris muwus | pun patih punapa karsa | karsa dika dhatêng pundi ||
15. tan kawarna lampahira | Selagănda sowan dhatêng nêrpati | aris dènnya awotsantun | inggih sampun palastha | kapal dalêm wus kawrat sadayanipun | kawula atakèn warta | sang prabu arsa [ar...]
[Ilustrasi]
--- [f. 115v] ---
[...sa] mring pundi ||
16. injing sang nata sineba | sêk supênuh sagunge para mantri | pêkir Lubama ing ngayun | Ujum Sidik ing kanan | angandika sang nata lingira arum | yayi patih dèn palastha | upacara lawan baris ||
17. baris dalêm sampun tata | bêdhil tinggar ngapit kanan ing kèri | tunggul anggung munggèng ngayun | tinggar munggèng ing wuntat | sangkêlat bang sêdaya rasukanipun | kawula atakèn warta | kang prabu arsa mring pundi ||
34. Kasmaran
1. enjing sang nata tinangkil | pêpêk sagunging punggawa | kang rayi linggih ngandhape | sêdaya rêmên tumingal | ing warnane sang nata | dening amuwuhi bagus | sang nata aris ngandika ||
2. Paman Pêkir Ujum Sidik | andika kalih kantuna | angraksa nêgara mangko | ingsun pan arsa ing Cêmpa | rayi kalih sun gawa | putra dika arsa tumut | kesah
[Ilustrasi]
--- [f. 116r] ---
ing ditên punika ||
3. sêdaya samya wotsari | ature Pêkir Lubama | kapan dika kesah anggèr | sang nata aris ngandika | mangkin kawula kesah | yèn patut lan paman ujum | ngulati marga raharja ||
4. Ki Ujum Sidik tur bakti | kawula nuhun sang nata | raharja margine anggèr | watêking ditên punika | nanging yèn dhatêng paran | paduka yèn manggih kewuh | nanging botên dados baya ||
5. sang nata ngandika aris | yayi Patih Selagănda | yayi munggaha samêngko | ing kapal pariyatêna | samadine samata | mêngko rèrèn bari ingsun | barêng lawan kakangira ||
6. Selarasa sira yayi | sira amiliha palwa | idhêpên si kakang anggèr | sakèhing jarahan ika | sing Indhu Kusthi nyawa | wontên dadi sapêrahu | go rewange rabinira ||
7. Selarasa awotsari | kang prabu nuhun kawula | saking sihipun sang katong | nanging wingi rayi tuwan |
[Ilustrasi]
--- [f. 116v] ---
ing kawula nênêdha | amit wêdos papêrau | mambêt arum ngêlu êndhas ||
8. tan nau nitih bênawi | amit lumampah kewala | pan inggih eca manahe | lumampaha ing samodra | sêlajuning baita | rayi paduka anusul | sampun dados èmêng tuwan ||
9. sang nata ngandika aris | yèn mêngkono yayi sira | nyênyinggahêna dèn age | kocapa kang saking pura | Rumsari ingaturan | dan dangu nulya kapêthuk | ing marga lawan sang nata ||
10. tan kawarna sirèng margi | sêsigahan[276] sampun prapta | ing pasisir sabalane | sampun minggah dhatêng palwa | rame abêbêdhilan | wanci-wanci tunggang gunung | angin dhaya babar layar ||
11. lir jinurung dening Widi | palayare kapal kathah | pating pancorong damare | kurung gêdhah anèng wuntat | amung kapal sang nata | pandam ing ngarsa ing pukur | kurung [ku...]
[Ilustrasi]
--- [f. 117r] ---
[...rung] agung mugèng tiyang ||
12. têngah sampun silêm ukir[277] | palayare sampun lêpas | tan kawarna ing lampahe | wuwusên Nata ing Cêmpa | Sang Prabu Selangkara | nêgarane wus dèn kêpung | wakul pan binaya mangap ||
13. mring ratu kawan nêgari | nênggih angsaling nalendra | saking Jongbinang angsale | akanthi Siyêm Manggora | lan Ratu ing Tursina | paminggire Cêmpa iku | wus tinêlukakên padha ||
14. ing dalêm kitha wus wiwrin | malah wus kadya tumangan | alabuh gêni karsaning |[278] sêmangsane konggahana | kithaning Natèng Cêmpa | mung ngantos utusanipun | sira Prabu Selangkara ||
15. nênggih sampun pitung bêngi | kesahing ponang utusan | angulari ing srayane | malah undhanging nêgara | sing sapa ngundurêna | ing musuh jumênêng ratu | angrèha nêgara Cêmpa ||
16. nêgara kang dèn parani |
[Ilustrasi]
--- [f. 117v] ---
awasta Tanjung Buwana | nanging datan ulih gawe | datan arsa atulunga | Ratu Tanjung Buwana | punang duta sampun wangsul | nanging maksih anèng marga ||
17. Wan Sujana Wan Sujati | agunêm sarwi lumampah | adhi kaya pa akale | laku kita kinèn lunga | ngambil sraya tan angsal | muliha nêgaraningsun | kutha pantês sampun bêdhah ||
18. lan musuh kita puniki | kasuwur têdhuh[279] arusa | wani tan ana lawane | mulane iku sang nata | Ratu Tanjung Buwana | tan sanggup mangke amusuh | marang Sang Prabu Jungbinang[280] ||
19. Wan Sujati anauri | inggih sih kinapakêna | yèn wus samono jangjine | rêmuke nêgara Cêmpa | rowange sami ngucap | yèn mêngkotên angur sampun | mantuke nêgara Cêmpa ||
20. samandene manggih wèsthi | punang duta urut marga | tumingal dhatêng ngarsane | yèn wontên wong nitih kuda | dèn putêr sêsirigan | Ki Wan Sujati amuwus | ika
[Ilustrasi]
--- [f. 118r] ---
na wong nitih kuda ||
21. baya pantês musuh |[281] punika angadhang kita | nêdha mêlayu dèn age | kawruhana dadi apa | rewange wong lêlima | sami gancange mêlayu | sami ambirat gêgaman ||
22. Selarasa aningali | saking luhuring turăngga | wong padha mêlayu age | saksana pan tinututan | angrêrapakên[282] kuda | sakêdhap anulya rawuh | Wan Jana anulya niba ||
23. alon dènira atangi | Ki Wan Sujana tumingal | yèn Ki Selarasa rèhe | èngêtipun kayangapa | Selarasa uninga | karuhun pênapanipun | tênggane Sujati sira ||
24. sira padha saking ngêndi | Wan Sujana ngrangkul padha | sarwi anguwuh bature | batur padha marenea | iki ta gustinira | sêdaya samya angrangkul | padha lara tangisira ||
25. Selarasa muwus aris | uwis ta padha mênênga | balikan tutura age | Ki Wan Sujana tur sêmbah | inggih gusti kawula | pinutus dening sang prabu |
[Ilustrasi]
--- [f. 118v] ---
ngulari sraya nêgara ||
26. malah undhanging nêrpati | dening talah datan angsal | raka paduka tan wande | kadhatêngan ratu papat | ingkang ngêpung nêgara | Cêmpa datan wande lêbur | punika ratu prakosa ||
27. jêng paduka saking pundi | Selarasa angandika | mulane dadi mêngkene | măngsa tan kuwad[283] ing ngarsa | go apa ngambil sraya | wong liyan nadyan sadulur | dèn tibanga[284] abot donya ||
28. wus padha muliha agêlis |[285] Wan Sujati Wan Sujana | matura kaya mêngkono | Wan Sujana matur sêmbah | gusti botên sumăngga | sing pundi margane mantuk | mêsah tuwan sampun aglar ||
29. Selarasa ngandika ris | nyêkêla buntune[286] jaran | sêdaya kukuh nyêkêle | nulya samya gêgeyongan | wong lêlima saksana | sakêdhap binêkta mabur | sampun prapta ing jro kutha ||
30. Selarasa wangsul malih | sêsadêran[287] mring samudra | saking gancange lakune | sêsangat tumulya prapta | kapal pan maksih layar | kinèn pisah kang pêrau | wis pinênging minggir samya ||
31. sêdaya wis labuh sami | angambang ana ing têngah | amung sanunggal kapale | kang kawratan ing sênjata | kang kinèn angêlajua |[288] ing muara Cêmpa iku | kinèn sami labuh jangkar ||
32. kagèt sami kang miragi | bêdhil muni ing muara | samya matur ing gustine | Prabu Jongbinang utusan | pêcalang atêtanya | sing kadohan samya nguwuh | tan purun
--- [f. 119r] ---
yèn angrampita ||
33. hèh wong kapal saking ngêndi | pinangkanira lan apa | sadyanira labuh kene | anauri wong ing kapal | wong Atashulu ingwang | padagange sang aprabu | iki kapale nalendra ||
34. wruhanira kang darbèni | kapale sri naradipa | mulane têka-têka kon | sira iki arêp apa | lawan wong êndi sira | sira tambuh marang ingsun | dudu wong kene ta sira ||
35. sakèh pêcalang angêrig | mêpêti punang muara | mangkana malih wuwuse | sira aja age mêntas | nakudane kewala | mêntas aja gawa dhuwung | sênjatamu uyunana ||
36. wruhanira ta ing mangkin | ratunira pan wus pasrah | wus bêdhah iku nagrine | dening kangjêng gustiningwang | Sinuhun ing Jongbinang | karane ana kudamu | yèn arêp urip mêntasa ||
37. sebaa ing gusti mami | daganganmu aturêna | upamane ara awèh | ora wurung sun bêranang | ing mangke kapalira | wong kapal padha sumaur | kapriye ta ujarira ||
38. awèh ora awèh mangke |[289] ingsun ora wurung mêntas | sumingkira aja kono | bêdhil kapal sinulêdan | tur saya minimisan | kang kêna tiyange putung | ana pêraune sigar ||
39. gumuruh sakèhing jalmi | wong pêcalang samya bubar | sami agêbyur sawênèh | kang kapal anyanglat pisan | wus manjing ing muara | Selarasa ingkang nurung | ènthèng lir narik bêlarak ||
40. sêdaya minggah tumuli | sakèh pabêlahing[290] kapal | anglasah gêgêr[291] barise | Kyana Patih
--- [f. 119v] ---
Selagănda | kinèn anitih kuda | Sabêrani munggèng pungkur | dening wau Selarasa ||
41. amung angrasuk kulambi | ăntakusuma punika | anèng ngarsa lan garwane | Pangrênyuh datan katingal | dening sakèh jama[292] |[293] asikêp panah lan busur | kacapa[294] Natèng Jongbinang ||
42. bêndunira tan sinipi | dening pacalange bubar | angrangsêg kabèh balane | nêgara Cêmpa dèn tilar | angrangsêg Selarasa | balane kêdhik andulu | saya galak ingkang kathah ||
43. sanggêming wong kathah sami | amuk sakyèh wong ing kapal | Selarasa pangamuke | kalih camêthi kewala | Selagănda mêngkana | sikêp watang wuwuh bagus | amuking ta bala kathah ||
44. kang kacurnan tan mindhoni | kuda bisa ngamuk dhawak | akèh wong pêcah êndhase | dèn kalêthak dening jaran | Pangrênyuh ngamuk dhawak | nanging ta datan kadulu | pêdhang kadya [ka...]
[Ilustrasi]
--- [f. 120r] ---
[...dya] ngamuk dhawak ||
45. sang nata mulat mangkirik[295] | mulat pêdhang ngamuk dhawak | dèn balèkakên kudane | mêlajêng apêlarasan | angungsi wonawasa | sabalanira mêlayu | samya pisah rêbut paran ||
46. wus sirna kang musuh sami | Prabu Anom sampun mêntat[296] | sing kapal kalih gêrwane | bêdhil awor lan gamêlan | lir karêngèng wiyat |[297] wuwusên Sang Nata Prabu | Selangkara anèng pura ||
47. sakêlangkung ing prihatin | amiyarsa aturira | Wan Sujana sapraptane | matur lah yèn Selarasa | wuwus kadya mêngkana | panarkanira sang prabu | ya uga Si Selarasa ||
48. kang ngêrsaya ratu iki | arêp angukih nêgara | mangkana wau ciptane | tan antara saking jaba | Kya Patih Mangkupraja | mêndhêk angaturi atur | gusti lah yèn rayi tuwan ||
49. sakatiga samya prapti | mangke saking pangumbaran | nênggih nêm atus kapale | apan [apa...]
[Ilustrasi]
--- [f. 120v] ---
[...n] sami angsal garwa | kampah ing galedhekan | tan arsa ing alun-alun | ngantos tibalan paduka ||
50. wingi duk rama kang bêdhil | tênggane ta rayi tuwan | tumandang angamuk rame | Selangkara angandika | gêgêtun ing wêrdaya | gumêtêr wijiling wuwus | uwa patih kayèngapa ||
51. raganingsun dening yayi | dèn patèni ta watara | saking larane ngatine | dumèh ora sun satata | kya patih atur sêmbah | wondene pandugi ulun | gusti măngsa mêngkatêna ||
52. rayi paduka nêrpati | têmbe maksih rama tuwan | pinitutur katigane | dhatêng sajatine gêsang | anèm mangke winangwang | Prabu Selangkara muwus | botên kadi dhangdhanggula ||
35. Dhandhanggula
1. Payo patih uwa sun têmuni | sun papage nênggih ariningwang | nadyan maksiha manahe | pan akèh ariningsun | pêjahana pan sun lakoni | pan iya ariningwang |
[Ilustrasi]
--- [f. 121r] ---
sang prabu wus mêthuk | tan abêkta upacara | lan ki patih bêbasahan iku sami | kampuh kêmul kewala ||
2. dhatêng alun-alune pribadi | datan wontên kang wong angiringa | sang nata wau lampahe | Prabu Anom andulu | gupuh nulya amêlajêngi | atilar upacara | anukêmi suku | wangsane katiga pisan | lan kang garwa Prabu Selangkara angling | lah yayi jumênênga ||
3. binêtèng pura samya kinanthi | sakatiga tansah ingarasan | samarga-marga arine | wus prapta pura lungguh | pagêlaran ing made gadhing | Sang Tana[298] Selangkara | ningali ing pungkur | akèn sira mêmundhuta | sang nata ling yayi linggiha ngriki |[299] kabèh barêng satata ||
4. katigane samya awotsari | kula nuhun gusti sri nalendra | katiga ngandhap linggihe | jêngandika ing luhur | Selagănda jawil kang rayi | alon dènira ngucap | mangke
[Ilustrasi]
--- [f. 121v] ---
kakang prabu | wayahe iling ing sanak | baya ilang dhêmêning reyal sajêging | nêgarane mèh rusak ||
5. Prabu Anom matur saha bêkti | raka prabu tur-atur kawula | èstri kawan dasa gunge | labêt garwane ratu | saking Indhu Kusthi ing nguni | mêngsah rayi paduka | Selarasa dangung[300] | kathah amêjahi kupar | malah panggih lawan paman êjin Palmin | dhatêng Pulo Kêncana ||
6. pan kawu[301] têtilar nêgari |[302] Atashulu wastane nêgara | sang nata asru tangise | Selangkara kagêtun | amiyarsa ature rayi | sêdalu pituturan | mangkana sang kantun | saking kapal tanpa sêla | lêlayaran sêkul ulamipun mintir | malah datan kadhahar ||
7. pan wêradin wong Cêmpa wêradin | samya dhahar kiriman sing pasar | Patih Selagănda kinèn | dhatêng jawi bêlabur | dhêdhaharan awarni-warni | ingjin[303] ing wayahira | Prabu Anom matur | raka ji amit kawula | arsa mêndhêk ing astana rama kalih | nuhun suka padu |[304]|
8. ngumpulakên sêkathahing pêkir | pan binêta dhatêng ing astana | angsala satus kathahe | angsal milih puniku | kampahipun dènnya angaji | Kya Patih Selanggănda[305] | nulya agêlis matur |[306] raka Prabu Selangkara | dawêk kesah pun pêkir samya naosi | ing karsane sang nata ||
9. Prabu Selangkara angêling aris |[307] adhuh gusti arine pun kakang | wuwusira pindho gawe | aja tanggung angunjung | yèn kakang sêtana nukani | sumilih ing nêgara | ala bêcikipun | pêjah iku pêpidhanya[308] | yèn sêmangkin ora [o...]
--- [f. 122r] ---
[...ra] ngrasa yèn duwèni | yayi sakarsanira ||
10. payo yayi pun kakang angiring | ing astana sampun samya kesa[309] | angujung ing astanane | ing iyang rama ibu | atur donga aganti-ganti | miwah kang anèng jaba | pêkir dunga sampun | tan antara bata rêbah | amining wong saking injing malah lingsir | lan dhêdhaharan pisan ||
11. sampun dhahar anulya angaji | Prabu Anom ing gagan[310] kang rama | Patih Selanggănda rèhe | ing jawining bêlabur | sêlawate mênggah punggawi | kancana wrat satêngah | kati mungguh kaum | kancana wrate ro reyal | lan sêsutya pangandhape pan wêradin | tan na kalintangan |[311]|
12. pêkir agêng alit pan sinami | miwah rare alit pan dinuman | miwah ingkang panganggene | cêlana lawan baju | nyampingira dhastar[312] babênthing | pan waradin sêdaya | sukane kêlangkung | ing pêkah saking sang nata | kawarnaa sawêlas dina ing mangkin | sa nata ing astana ||
13. kunêng ta Sang Nata Cêmpa singgih | sukan-sukan mantuk ing sêntana | anyukakakên arine | kawan sasi anutug | sampun dhatêng mungsiming angin | sêlatan lan tunggara | karti sampun dhuwur | Prabu Anom awotsêkar | mring ka raka kaki ji kawula amit | mantuk dhatêng nêgara ||
14. pan ing Atashulu gusti iki | pan yungyunên sakyèh wadyabala | langkung saking sêmayane | kèndêl wau Sang Prabu | Selangkara èsmu miragi | kumêbêng[313] ingkang waspa | adhuh ariningsun | tênggane ta dèn apura | dusanipun supaya si yayi uning | maksih dèn [dè...]
--- [f. 122v] ---
[...n] tilar uga ||
15. ingsun nêdha marang sira yayi | bisuk mulih sira saki[314] Cêmpa | yèn ingsun wes[315] surut anggèr | upamane kagugu | sira maksih tilar ing mami | pun kaka[316] pêjahana | tan bêtah katèngsun | ing kene jênênga nata | dêdimène pun kakang abêgawani[317] | sang nata ngusap waspa ||
16. Prabu Anom sigra anukêmi | sampun kakang onêng ing wêrdaya | tan ilok ratu linggihe | amijilakên êluh | dados sangar dhatêng nêgari | sampun dudumaning Yyang | dika kakang prabu | jumênêng Nata ing Cêmpa | pan kawula cinaton dening Yyang Widi | Ngatashulu nêgara ||
17. wontên dening rayi paduka ji | Selarasa badhenipun pisah | lan kawula ing binjinge | dudum maring Yang Agung | dados nata anèng ing êjin | nêgaranipun wasta | Pulo Jingjrin iku | agung kari Ki Lubama | wêdhinipun mirah intên ingkang adi | bêbêture[318] kêncana ||
18. Selangkara wuwusing amanis | lah ta yayi yèn uwus mangkana | takdiring Sukma dadine | sapa sanggup anantun [a...]
[Ilustrasi]
--- [f. 123r] ---
[...nantun] | lah ta yayi muliha gusti | sang prabu anêmbah |[319] kakang prabu nuhun | sih paduka mring kawula | gih punika bêbaktan katur dewaji | sababêktan kawula ||
19. sampun sami wau angujungi | kadangira wus minggah ing palwa | sampun sami layar age | ngungun sakyèh kang kantun | agêng alit lara kang ati | samantuking sang nata | Prabu Anon wau | pinunggêl caritanira | purwanipun sagunge kang alul tulis | dèn samya apuraa ||
20. tan kawarna alampahirèng margi |[320] sampun prapta ing nêgaranira | bêdhil lir bendrong syarane | punggawa Atashulu | samya mêthuk anèng pasisir | miwah pêkir Lubama | ujum datan kantun | sampun tumêdhak sang nata | saking palwa Lubama anulya nganti | dadya èsmu kasmaran ||
36. Asmaradana
1. Tumêdhak saking bênawi | Prabu Anom agêlaran | gumêrdêg wadyabalane | Ujum Sidik Ki Lubama | alinggih
[Ilustrasi]
--- [f. 123v] ---
kèri kanan | kang rayi jajar nèng ngayun | saksana surup yang arka ||
2. sampun gumanti kang wêngi | mantri kinèn akasukan | pan iya ngaturan kabèh | kinèn anêbang[321] gamêlan | têngarane wong suka | saking sore malah dalu | sri naranata tumêdhak ||
3. saking gènira alinggih | luwaran mantuk ing pura | pêndhakan jawi ngandhape | amandhi dhuwung ngayunan | wênèh bêkta lantaran | ing ngarsa atata lungguh | para rabining punggawa ||
4. kang rayi kalih kinanthi | Selaraso[322] Selagănda | binakta ing jro kêdhaton | sakalih samya adhahar | ingkang tan arsa dhahar | Selarasa langkung nuhun | pambêngan ing Sênèn nyêgah ||
5. sampuning dhahar sang aji | abêng[323] sampun ingalapan | kawula dalêm arame | ingkang nêdha têtunansan[324] | sêdaya sami
[Ilustrasi]
--- [f. 124r] ---
wikan | Selagănda amit kundur | wus miyos ing kapatihan ||
6. Selarasa nulya amit | nêmbah lawan ingkang garwa | kundur sing ngajêngan rame | miyos saking pêpungkuran | anganthi ingkang garwa | kampuhing banjaran santun | sampun angrasuk busana ||
7. tarênggos kagèt tumuli | murup muncar ing mutaka[325] | limuting rêtna sri tinon | rasukan atakusuma[326] | têdhak saking swarga |[327] tuhu adining abagus | asêsêkar roning kamal ||
37. Sinom
1. sampun mêsat ing gêgana | saksana Sang Jayèngrêsmi | mabur kêlawan kang garwa | angiring ing bala êjin | wus prapta ing nêgari | Pulo Dhêndha kang jinujug | wus manjing purantara | nêngêna ingkang rumihin | kawuwusa kang Prabu ing Aburerah ||
2. pêpitu ingkang sudara | pan sami jumênêng aji | samya
[Ilustrasi]
--- [f. 124v] ---
amêngku nêgara | ing Buryan ingkang titihi | panggulu Raja Janggi | punika sinêpuh-sêpuh | panêngahing Talkadha | nêgarane dèn titihi | jêjuluke Sang Dhangdhang Nata Migora ||
3. satunggal ing Jamintaran | nêgarane Krêsna Bali | kêlangkung sakti ayuda | pilih ingkang anandhingi | satunggale wuragil | nêgarane Jubin Pijung | aran Raja Sarnusan | sosoh yèn amangun jurit | Sang Tantanus namaning waruju pisan ||
4. kêkalih pêpatihira | Raja Burerah Sang Aji | ingaran Patih Tanusan | Sanuk Husèn Sabiri |[328] samya jajar alinggih | umarêk dhatêng sang prabu | Raja Kumbala garap | garap tutuke yèn angêling |[329] palinggihanipun aranan kancana ||
5. Sang Nara ing Aburerah | Raja Kubala[330] kêkasih | ki nakuda duk suwarga | alame iyang Bêrandi | putunisun[331] ing bijing | têguh ara
[Ilustrasi]
--- [f. 125r] ---
nana musuh | sasedaning kang iyang | tan antara dados aji | amêngkoni surgi nêgara ing sabrang ||
6. mulane sami ngawula | punika anglasang dhingin | Sang Barindi mila jaya | amatèni Menak Amir | malah sami ingungsi | Sang Barindi maksih kukuh | mila sami ngawula | ing Raja Kumbala ajrih | duk sinahan sang nata kanggok manêngga ||
7. andhèr sami jinajaran | Radèn Bali samya nangkil | Radèn Sambawa anangkil |[332] pêparap Radèn Jawari | wontên malih anangkil | pêparap Sang Menak Undrus | Raja Mêkasar seba | kêkalih Menak Binali | Raja Siyêm kêkalih Menak Galuga ||
8. Sang Nata Kumbala garap | garap tutuke yèn angêling |[333] ngandika ing tabitira | syarane garap ngajrihi | ingsun iki wus lami | durung wêruh gêtih ingsun | apa rupane baya | yèn onaa[334] ingkang kongsi |
[Ilustrasi]
--- [f. 125v] ---
mêtokêna ing gêtih ingsun sun ganjaran |[335]|
9. tabik[336] sun takoni sira | cêthanên mara dèn agêlis |[337] ana musuh ingsun ora | yèn ana musuh sing ngêndi | nanging ta sun kibiri[338] | yèn anaa ingkang purun | saranta kasănggaa | waning[339] ingsun angibiri | mara tabit aja mênêng-mênêng sira ||
10. age mara wêkcanana | ana ora kang musuhi | kang padha kêlawan ingwang | karosaning apa maning | atawa ara maning | cok wolèha[340] marang ingsun | kêlamun ana raja | sapa nêgaraning ngêndi | andhêradhak sang nata gumuyu suka ||
11. punang tabit datan ngucap | dangu ara amiyosi | kang padha kêlawan reyang | karusaning apa maning | atawa ora manggih | cok walèha marang ingsun | kêlamun ana raja | sapa nêgarane ngêndi | adhêradhag sang nata gumuyu suka ||
12. ki tabit matur anêmbah | inggih gusti ragi ririh | nanging têdhak têbakêna | satêrah-têrah wali |[341] yèn ujaring kang tulis | sakti datan botên purun | jasat amba tan nyangga | sumilih ta gusti êjin | nadyan jalma pilih-pilih kang maguta ||
13. Raja Burerah ngandika | Sêlam atawa ku kapir | gêdhe êndi sun lan rika | tabit matur dede kapir | dêdêge andhap alit | nanging saktine kêlangkung | gusti akanthi Sukma | lawan punika pinasthi | lêlanange ing jagat tan ana memba ||
14. sang nata sru angandika | sumana [suma...]
--- [f. 126r] ---
[...na] ngapêskên dhiri | agêtak nudingi sira | ngisèning tan wruh ing krami | ature tan dêdugi | angalêm kang êmbuh-êmbuh | ki tabit matur nêmbah | mênggah wêwatêking tulis | pan ki tabit andhikul anèng ngajêngan ||
15. bramatya sri naranata | Tamtanus ingkang tinuding | lah sira mêtua jaba | para ratu konên manjing | srigra[342] undhang sang aji | para nata mugèng ngayun | sira asiyagaa | aku arêp angêlurugi |[343] maring Jawa sun cobane andon yuda ||
16. sanggêm ature sadaya | tinari dhatêng sang aji | sapintên jaya-jayanya | pun Jawa kula kêmbari | sanadya[344] siyang latri | aja na kang milu-milu | dikjayane Si Jawa | sun tudingi bae mati | sun gêtaka wong Jawa padha malêsat ||
17. bungah manahe sang nata | mirsa sangguping sang aji | ki tabit ing aturira | kawula nuhun sang aji | kula ngaturi uning | inggih sang raja sinuhun | manggih ing wêwicalan | pun kaki asung pakiling[345] | pan kawula kinèn amapaosêna[346] ||
18. ing nêgara Aburerah | kêkah tan wontên kang wani | tinalukan[347] sakyèh nata | tan wontên ingkang nandhingi | pangraosing sang aji | miwah kadikjayanipun | benjang wontên angrusak | angêlindhih dhatêng sang aji |[348] lah yèn wontên rare tiga saking Cêmpa ||
19. mila Aburerah rusak | botên ta kala rumihin | sawargane ingkang kina | Sang Raja Bandiri[349] dhingin | mêjahi Menak [Mena...]
--- [f. 126v] ---
[...k] Amir | punika sapêjahipun | nuli ta ana syara | hèh Barindi ing saniki | ingsun kalah pan wus têka janjiningwang ||
20. besuk sun malês ing sira | ing anak putu kang kari | yèn ana rare têtiga | ing Cêmpa angsale dhingin | anak putune wali | ing kono sun malês ukum | kang aran Selarasa | iku bisuk kang matèni | anauri Barindi sira malêsa ||
21. mêngko iya besuk iya | pan ora ingsun singkiri | sinauran ing prabawa | kêtug lindhu anauri | tandhane lamun janji | punika atur pukulun | dhatêng patik bêthara | suka paduka pêjahi | sri nalendra anêntak ing tabitira ||
22. kêlangkung ing bêndunira | ki tabit dipun tudingi | cilit[350] têmên atinira |
[Ilustrasi]
--- [f. 127r] ---
têka sira mêmêdèni | marang ing jênêng mami | katangguh wêdi ing lampus | dèn wawa kaya bocah | dening sira wêdi mati | angisèni dudu bèbète wong sabrang ||
23. ngisèni bèbète Jawa | jajêrih kapati-pati | atine cili ta sira | ora pantês mangan nasi | kudu ta sira urip | sang nata bêndu kêlangkung | angêling ing para nata |[351] padha dadarana kulit | para nata kulite pan dinadaran ||
24. ana urêk ugrêr ika | ana kêramas jêmparing | wênèh ngulukakên tumbak | dèn tadhahi lawan gigir | prandene nora busik | ana ingkang mamah watu | sêpahe anggalêpang | tan incêr matane sami | satêngange prandene tan kêthip pisan ||
25. ana anggawe tumangan | gawe gêni dèn turoni | prandene tan gêsêng ika | kang kèh malêb[352] ing gêni |[353] ana malêbu [malê...]
[Ilustrasi]
--- [f. 127v] ---
[...bu] bêdhil | angringkêl ing angganipun | winor kêlawan abat | asring cok kinarya mimis | kang sawênèh ana ingkang bêksa tumbak ||
26. ki tabit ika tumingal | ing tandange para aji | ana mèngsêm jroning nala | sang nata amêjanani | datan wêruh ing wadi | tan kêna ginawe bagus | ingsun pan luwih eman | dene ta lah sri bupati | sêtyaningsun munduran galibagêna ||
27. ngandêlakên ing karosan | nadyan bêbalunga wêsi | panyananingsun tan nyăngga | yèn uga samêngko iki | amung ana sawiji | bêlèdêr sagara pulut | măngsa jugala pira | wis pinasthi ing Yyang Widi | wus katingal patine sri naranata ||
28. mêngkana yèn angucapa | nanging tan kawêtu lathi | tumungkul datanpa ngucap | sang nata ngandikèng patih | padha lèlèrên sami | sêkathahing para ratu | samya kinèn kasukan | mangkan[354] anginum pan sami | kyana patih anglèlèr sampun wêrata ||
29. miwah kang kawula wadya | sapanganggene ajurit | wus mêdal kang dhêdhaharan | aran[355] wêragang lan api | jênèwêr pakak bali | wus kathah kang arak anggur | pêpêk anèng paseban | sarêng têngarane muni | bêndhe tiga tinitir tinêmbang durma ||
38. Durma
1. lingsir kilèn wayahira kêkubêngan | ing paseban giyanti | samya giyak-giyak | nginum waragang [wara...]
--- [f. 128r] ---
[...gang] |[356] jênèwêr lan arak api | pan wuru dawa | eca nêmbang mênyanyi ||
2. ana cakèk[357] rêrêbaban sêsulingan | cêlomprèt cara bali | awor tambur miyang | gêgêbrèng asauran | gumuruh syarane jalmi | atêtandhakan | wênèh babêksan sami ||
3. ngabên-abên kawula kang gêgangsingan | sêdaya sikêp bêdhil | jajar sangang êsap | tilar bêdhil rêrangkang | durnada[358] lan gutuk api | tulup lan panah | ana ngagêm suligi ||
4. pan tinata kawula kang gêgangsingan | kawan dhomas kèhnèki | sabêntar ingatak | kinèng[359] caos baitra | sabêntar wus anyaosi | sugri baitra | sumaos ing jêladri ||
5. wadya agung pinêpêk anèng baitra | mimis winêrat sami | kapale sang nata | sampun pinapaesan | angangge layare mari | ngêbêki tiyang | bandare ngarêp buri ||
6. sampun bubar para ratu sing paseban | sampun prapta pasisir | sampun nitih palya | sang nata wus ingayap | kang kapal wus dèn titihi | tabit binêkta | sarwi dipun takèni ||
7. sampun tutuk ing samudra polahira | lawange dèn jêjêgi | sampun mêlataran | sabala ing samudra | baitane laju sami | pan sampun mancal | nêngah asilêm wukir ||
8. ênêngêna lampahing kang lêlayaran | kang sadya andon jurit | mring nêgara Jawa | Atashulu nêgara | warnanên Sri Narapati | ing Rukmi ika | sira Sang Raja Palmin ||
9. pan sineba sagunge para sêntana | pêpêk kawula êjin |
--- [f. 128v] ---
sang nata ngandika | dhatêng Patih Nurjaman | kapriye tuture iki | sok tutugêna | kya patih matur aris ||
10. putra tuwan Selarasa kintun sêrat | dhatêng paduka aji | punika jin kupar | katur dhatêng sang nata | jarahan ing Pulo Jinjrin | sêmangke bêdhah | putra tuwan mêrangi ||
11. lan kêkitun[360] putra tuwan Selarasa | ingdih[361] putrining êjin | sanunggal tu[362] pelak | katura ing Mas Putra | sangkane kinèn ngrabèni | sang nata ika | nulya amuwus aris ||
12. atarima anak ingsun awrèh[363] krama | ing Mas Putra puniki | nanging kokonana[364] | mring anak sakatiga | Sênèn ingsun anêkani | asrah pangêlamar |[365] lungaa dina mangkin ||
13. wus putusan ing jin papat gêgangsingan | amit
[Ilustrasi]
--- [f. 129r] ---
sarya wotsari | mabure lir kilat | wus ngungkuli nêgara | Atashulu wus apanggih | lawan sang nata | siniwi ing mênganti ||
14. ênêngêna kang sineba ing nêgara | wuwusên sri bupati | ingkang lêlayaran | Nalendra ing Burerah | layare kagiring angin | pan sampun prapta | Ngatashulu nêgari ||
15. dawêk sami agiling palya sêdaya | alabuh jangkar sami | sampun mêpêk sampan | nulya sami tumêdhak | sêkathahing para aji | amasanggrahan | samya akarya biting ||
16. wus sineba Sang Nata ing Aburerah | dening sakèhing aji | sang nata ngandika | dhatêng ki tabit ika | kapêriye ta lah tabit | enaking dina | ingsun mimiti jurit ||
17. kyai tabit ature mring sri nalendra [nale...]
[Ilustrasi]
--- [f. 129v] ---
[...ndra] | kawula tan udani | tan sagêt anyêtha | dhatêng paduka nata | yèn suwawi lêhêng balik | ngawon kewala | sêlamêt awèt urip ||
18. sami dèntên gusti paduka ayuda | amanggih nahas gusti | kawula supêna | sampeyan kang kalamat | katingal nitih pêdhati | lampahe ngetan | pêpês punang pêdhati ||
19. kang pangirit lêbur suku sakapat |[366] sampeyan kasuliring | katidhihan nendra | kurugan sri nalendra | agêtak sri narapati | anggancam sira | êmbuh kang dèn rasani ||
20. ingsun ara atakèn ing ipènira | kang sun takokkên iki | enaking ayuda | ingsun mimiti bêdhah | tabit matur ragi runti[367] | anglulu pisan | unggil[368] ditên gih bêcik ||
21. angandika Aburerah [Abure...]
[Ilustrasi]
--- [f. 130r] ---
[...rah] marang bala | kon bêdhah dina iki | sampun sinubawan | dènira bêbêkêlan | kumrab wadyabala sami | wus asiyaga | nulya samya lumaris ||
22. ênêngêna ingkang sadya andon yuda | ucapên Sri Bupati | Atashulu ika | têbêng adhêdhayohan | utusan sing raja êjin | kang rama ika | sira Sang Raja Palmin ||
23. Selagănda Selarasa Ki Lubama | Ujum Sidik anangkil | êjin aturira | dhatêng sri naranata | ing ditên Isnèn mariki | rama paduka | sira Sang Raja Palmin ||
24. Ujum Sidik mêgati ing aturira | dhatêng sri narapati | sampun ica-eca[369] | paduka kêdhatêngan | wangsul dèn anganti-anti | nêgari tuwan | kajêjêgan prajurit ||
25. inggih mêsah dhatêng saking nagri sabrang | balane gêgilani | dalah
[Ilustrasi]
--- [f. 130v] ---
masanggrahan | satêngahing samudra | datan wande adhatêngi | kagyat sang nata | ngandika dhatêng êjin ||
26. Ăntabumi sun tundhung sira muliha | matura ing rama ji | yèn ingsun ayuda | lan Ratu Aburerah | kathah bala gêgilani | êjin anêmbah | kundur sang jin wus bali ||
27. Selagănda Selarasa undhang syara | subawa dhatêng mantri | anêbang têngara | gong kêndhang asauran | kubrap[370] ingkang sami baris | samya siyaga | samaktane ajurit ||
28. injing mangkat samya gumuruh kang syara | kadya sela brakithi | sêmut upanya[371] |[372] lumampah dêduluran | kumrap wadyabala sami | lir wardu ăngga | malah sêsêk kang margi ||
29. bala kapir mèh timbang samya kathahnya | amondhoke sang aji | campuh
[Ilustrasi]
--- [f. 131r] ---
ing supana | ganjur-ginanjur ramya | kang têbah bêdhil-binêdhil | panah-pinanah | pêdhang-pinêdhang sami ||
30. ingkang rukêt samya angagêm kalewang | wong Indhu Kusti malih | angagêm kulewang | sampun pêrang-pinêrang | long-linongan ingkang kari | tanpa wilangan | wong kapir wuwuh malih ||
31. asêsubar bala kapir lawan Sêlam | hèh ja mêlayu anjing | angur anungkula | tur awèt mangan sêga | rabinira sun gêntèni | kang gandhang ika | tur sira sun uripi ||
32. amiyarsa wong Sêlam sêsumbarira | nulya nêrajang sami | sarwi abangkolang | suligi kadya udan | wong Jong Binang amangsuli | suliginira | awurahan pan sami ||
33. kadya udan dhawuhe saligi kathah | miwah mimis jêmparing | ingkang nitih kuda | towok-tinowok [towok-tino...]
[Ilustrasi]
--- [f. 131v] ---
[...wok] ramya | amusuh padha prajurit | gada-ginada | mati kêlawan tèji ||
34. kang anitih gajah mati lawan gajah | pêlak-pinêlak sami | wong Sêlam akathah | mati muwah kabranan | sambate adhuh lah mati | sigra Lubama | cangcut arsa miyosi ||
35. pangamuke kêsangsang ing ganjur rampak | Lubama tan gudhili[373] | angêbyok ing bala | Lubama ingalingan | dening sakyèhing Musêlim | pan kawarnaa | bala êjin dhatêngi ||
36. angumukti[374] nanging ta datan katingal | wong kapir êmèh ênting | sasisaning pêjah | mêlayu bêndaranya | giris bature kèh mati | datan karuhan | pêdhang ngamuk pribadi ||
37. ênêngêna undure wong tanah sabrang | warnanên sri bupati | Sang Raja Kumbala | pinarêk pasanggrahan [pasanggraha...]
[Ilustrasi]
--- [f. 132r] ---
[...n] | pêpêk sakathahing aji | amêlataran | srigra Sang Nata Bali ||
38. dening apa bala mundur ayuda |[375] bala ta wêdi mati | angur têtapiha | yèn ajrih mangsoh rana | dadi lanang tanpa ati | angur matia | samandene aurip ||
39. nulya takèn dhumatêng ing tabitira | kapriye ta lah tabit | iku kawruhira | mara age matura | apan arsa sun têkani[376] | apa mulanya | balaku tan gundhili ||
40. pan ki tabit ênênge èsmu kèwêdan | ing patakèn nêrpati | tumungkul amilang | pawêwukoning dina | patakèning sri bupati | sampun gaduga[377] | ki tabit angawruhi ||
41. inggih gusti pitakon dhatêng kawula | marmine bala kandhih | ing tingal kawula | ing rangkêpe petangan | punika amêsah êjin | kapêrnah
[Ilustrasi]
--- [f. 132v] ---
warga | milane tumut jurit ||
42. ing sarate gusti wontên ing kawula | sang nata ngandika ris | apa kang kinarya | sarate ing ayuda | ki tabit ature aris | inggih wanita | wêwuda kinèn jurit ||
43. angandika sang nata maring parêkan | pan winudanan sami | giniring payuda[378] | sampun amagêlaran | wong kapir atangkêp malih | Sêlam mêngkana | sigra têmpuh ing jurit ||
44. duk tumingal bala êjin ing payudan | angamuk tan kaaksi | kapir kathah pêjah | kèhira tan kawilang | mati ingamuki êjin | wangkene kupar | kadya babadan pacing ||
45. sampun têlas bala kang pangawak kiwa | pangawat têngên abis | malah laju pisan | ing ngarsane sang nata | bala [ba...]
[Ilustrasi]
--- [f. 133r] ---
[...la] êjin aningali | bala wanudya | ingkang wêwuda sami ||
46. kawan dasa gunge kang bala wanudya | pêngajênge kêkêlih[379] | kinarya niyaka | tur darbene pinulas | irêng sisih putih sisih | tur kinanthilan | cêmpaka lan mêlathi ||
47. yèn sinawang lir sêlabok têturutan | karone dèn paèsi | sampun marang ngarsa | sarya atêtandhakan | wau êjin aningali | apês sêdaya | wau kang para êjin ||
48. samya lêsu bala êjin angganira | datan kuwat ngulisik | ăngga lêsu lupa | lir pendah sêsaminya | sang raga lêsu kapati | wus tanpa polah | ăngga tan kêna usik ||
49. kawarnaa Sang Raja Kumbala sira | aningali ing êjin | muwah para nata | aningali sêdaya | yèn êjin wus tanpa budi | suka sang nata | angêling ing para aji |[380]|
50. cêkêlana jin padha dèn talènana | adan sakèhing aji [a...]
[Ilustrasi]
--- [f. 133v] ---
[...ji] | tumandang sêdaya | ana ingkang dèn bănda | ana kang arêp agitik | sawênèh ika | ana arêp matèni ||
51. kawarnaa sang nata lagi sineba | Atashulu nêgari | Patih Selagănda | lawan Ki Selarasa | kêlawan Ki Ujum Sidik | sang nata ika | ngandika Ujum Sidik ||
52. dening apa ujum uwe nara ngucap | têka wèt mênêng iki | apa tingalira | lah ujum rêrasana | aja na lah wêdi-wêdi | ujum tur sêmbah | dhatêng ing sri bupati ||
53. rama tuwan balane tumut ayuda | nanging sêmake[381] gusti | kang ing pagêlaran | sampun pating jalêmpah | sêmangke kantun mêjahi | kagêsang nata | muwah kang para rayi ||
54. sigra ngrasuk kulambi Ki Selarasa | arsa mêdal ing jurit | wus ngagêm dracapa | mêdal dhatêng paprangan | tinjo ing kawula ênjin[382] | yaktos ing tingal |
[Ilustrasi]
--- [f. 134r] ---
kantun mungkur kang êjin ||
39. Pangkur
1. sigra mangkat Selarasa | ing payudan ngamuki bala kapir | para ratu padha ngrubut | marang Ki Selarasa | tan katênan[383] para ratu kang angrubut | marang Ki Selarasa |[384] sakèhing para nêrpati ||
2. Ni Pangrênyuh sampu[385] rêsak | yèn kang raka pêrange sampun dadi | kalbune mangke kadulu | yèn bala jin kang sayah | sang dyah ayu èngêt ing sajroning kalbu | yèn mangking dêrbe wasiyat | têtilare raka dhingin ||
3. sêdaya pan ingusapan | bala êjin sampun waluya jati | sigra êjin padha mabur | angrangsêk ing payudan | bala sabrang bubar giris dènnya dulu | padha mati ting jalêmpah | tan karuhan kang matèni ||
4. wus prapta Patih Nurjaman | marang ngarsa Pangrênyuh angabakti | tinarima baktinipun | Pangrênyuh [Pang...]
[Ilustrasi]
--- [f. 134v] ---
[...rênyuh] aturira | ingkang rama dawêk sarwi pinaribuh | pun kapir winalês pêjah | binabidhung ing ajurit ||
5. sinambadan aturira | sigra mêsat êjin anèng wiyati | ana ngalor ana ngidul | ing kilèn kaèbêgan | bala kapir pinaribuh yudanipun | kathah kapir kang kabranan | êndhas pêcah akèh mati ||
6. wênèh putung baunira | kang sawênèh sukunipun kapulir | labête ingkang kagêbuk | wênèh lambunge bubrah | iga putung wadhuk matu punang usus | tan ana manggah[386] puliha | asambat adhuh lan mati ||
7. bala kapir apuyêngan | bala Islam saya sru angumuki[387] | ana mêdhang ana nuduk | ana kang binêdhilan | bala kapir sêdaya padha lumayu | tumingal ing sah alawan | Mahrahaja[388] Menak Tobin ||
8. sigra Sang Menak Jangrana |
[Ilustrasi]
--- [f. 135r] ---
aningali yèn balane kèh mati | nulya anêrajang asru | gègère apuyêngan | kang ko bala mêlayu tumut masusun | kang katawan tanpa polah | musuh malês datan kaksi ||
9. ature para nalendra | inggih gusti kawula bot dugi |[389] dene sih datan kadulu | uning yèn sampun pêjah | abdi dalêm mulane sami mêlayu | kadya tan amusuh jalma | ing padugi[390] kula gusti ||
10. ngandika Prabu Kumbala | maring sira kyai tabit tumuli | kayèngapa ing kawruhmu | sapa ingkang amapag | ingkang magut iku marang yudaningsun | ature pun tabit ika | ing sang nata awotsari ||
11. inggih uninga kawula | sayaktosing punika dede jalmi | êjin ngamuk malês ukum | duk kenging pagêlaran | pan ki tabit matur dhatêng sang aulun | dawêk kondur sri
[Ilustrasi]
--- [f. 135v] ---
nalendra | botên layak dèn mêsahi ||
12. tan layak gusti linawan | saking wingi atur ku tan sipi |[391] dawêk gusti sami kundur | mupung sênggang kang yuda | angandika sang nata apa akalmu | ki tabit ing aturira | mang gusti wanci lingsir |[392]|
13. sakathahing wadyabala | kinèn nyulêt bêdhil dèn barêng muni | paprangan pêtêng kang kukus | ya ta pêtêng paprangan | pan sinulêt bêdhile pêtêng ing kukus | nutên asami niyaga | sang nata nitih bênawi ||
14. sampun sami babar layar | palyanira laju angine liring | wus prapta nêgaranipun | sampun sami siyaga | Aburerah bêdhil pinasang ing luhur | baris sampun mêlataran | prayatna wong sabrang sami ||
15. sagara pulut pinasang | binarisan gêgaman angabêki | wong Islam yèn arsa [ar...]
[Ilustrasi]
--- [f. 136r] ---
[...sa] lurug | tan wande padha pêjah | pan mangkana wong kapir pangekanipun | ênêngêna ingkang jaga | wuwusên sri narapati ||
16. Prabu Anom duk sinahan | ingkang wadyabala tanapi mantri | Patih Selagănda ngayun | lawan Ki Selarasa | Ki Lubama Ujum Sidik kang tinantun | kaya ngapa kawruhira | musuh parane mring ngêndi ||
17. Ujum Sidik aturira | inggih wangsul dhatêng nagrine malih | dalah sampun tangkêp pintu | kêkutha ing sêgara | Selarasa matur dhatêng sang aprabu | dawêk kakang tinututan | saparane tinut wuri ||
18. sang nata sira ngandika | Selagănda ngumpulêna bênawi | pêpêkna mupung isuk |[393] sigra Ki Selagănda | asuwarèng ing bala siyaga sampun | sêdaya anitih palya | sigra alayar
[Ilustrasi]
--- [f. 136v] ---
tumuli ||
19. sukur amba ika layar | upamane kadi lêlaron mijil | baitra asrang asêlur | kêlangkung macawarna[394] | agêng alit kumrab tan kêna ingitung | samya lancang-linancangan | samya cuwa ing ajurit ||
20. Prabu Anom nitih kapal | ginarêbêg pêcalang samya ngiring | Selarasa wus angrasuk | kulambi takusuma | Selagănda anitihi kudanipun | Sabêrani ijo pelag | kalih andêdêl pratiwi ||
21. sigêgên datan kawarna | ingkang layar maksih anèng ing margi | kocapa wau sang prabu | sira Raja Kumbala | pan pinarêk sang nata anèng ing panggung | ing pinggir kutha sêgara | ayuntan[395] bala anangkil ||
22. ajajar para nalendra | Raja Durga nênggih Sang Raja Janggi | ajajar lan arinipun | aran Dhangdhang Migora [Migo...]
[Ilustrasi]
--- [f. 137r] ---
[...ra] | ngagêm pêdhang sinêrasah êmas murup | ing Mah Sang Raja Mintoran | akêkasih Krêsna Bali ||
23. amangku kulewang dawa | sabalane wong angadhêp ing gusti | Maharaja Jobin Pinjung | aran Raja Sarnusan | ngagêm lubuk sadaya prajuritipun | Patih Tantanus ing ngarsa | kêlawan Husèn Sabiri ||
24. wontên malih wong siyaga | Mèn Jawar lawan Menak Binalik |[396] siyaga sabalanipun | samya ngagêm sarampang | sabalane samya jamus karyanipun | sêdaya awas tumingal | yèn wong Sêlam anandhingi ||
25. wong kapir samya arusak | sing dharatan samya amasang bêdhil | gumuruh lir langit rubuh | samya asarêng sênggak | surak ana pêrau wos[397] kênèng pulut | nora wande padha madar | uwonge reyang kêthoki [kêtho...]
[Ilustrasi]
--- [f. 137v] ---
[...ki] ||
26. kocapa kang lêlayaran | kêncêng kêlat sêdhêng têdhaking angin | malah dèrèng wong adhayung | karsane age prapta | bela[398] Sêlam nèng banyu padha gumuruh | tan wrin yèn kêna ing baya | baitra kapulêt sami ||
27. wus kagêbug kang baita | anèng pulut palya tan ausik |[399] wong kapir padha gumuruh | ana ingkang jêjigêlan |[400] kang sawênèh abapang angundha suku | wênèh bêbêde dèn buwang | sawanèh angiwi-iwi ||
28. Raja Kumbala asuka | aningali palya tan kêna usik | para ratu suka dulu | sarya arêrêbatan | kănca akèh sêsulingan anyalêmpung | têtamburan andhêrandhang | saking sukane kang ati ||
29. ana kang ngasah kulewang | kang sawênèh ana angasah sêking | sawênèh juput palulut |
[Ilustrasi]
--- [f. 138r] ---
karsane agêbuga | kang sawênèh sêkinge ana dèn unus | kêrsane agarok[401] sira | sawênèh arêp abadhik ||
30. Raja Burerah ngandika | kyana patih kinèn anggawa gêni | ki patih nêmbah wus kundur | subawa wadyabala | gêni dadi sêdyane angobar pulut | ênêngêna ingkang suka | kocapa ingkang prihatin ||
31. tanbuh-tanbuh polahira | samya kêbyur sêja nurung bênawi | sêdaya padha malêbu | ing pulut ara kêna | nguwuh-uwuh ngajak malih wong ing sêlup | miyarsa bêluk mêngkana | nyanane ngajak lêbêti ||
32. wong sêlup padha siyaga | nulya gêbyur arsa nurung bênawi | aja yèn kongsia nurung | obah pan ora bisa | wong pêrau agêng alit samya gêbyur |
[Ilustrasi]
--- [f. 138v] ---
tan ana ingkang karia | sang nata ngandika aris ||
33. pun paman sih kayèngapa | akal rika man ujum kang sun tari | mirah[402] yayi karo iku | miwah paman Lubama | Ki Lubama gèbèg-gèbèg datan sangguh[403] | rayi kalih matur samya | kawula botên andugi ||
34. Ujum Sidik aturira | ing sang nata gusti dèn radi ririh | sêsangat ingantos ratu | bilih wontên sihing Yyang | tan adangu rawuh sarya ngraup suku | ngabakti dhatêng kang raka | raka kalih sinung bêkti ||
35. sang nata aris ngandika | hèh ta yayi ipe para dhatêngi | saka liwat sukur sèwu | yayi sapraptanira | atulunga ing sakite atiningsun | tingalana balanira | sêdaya kari matèni ||
36. sang nata asrah ing sira [si...]
[Ilustrasi]
--- [f. 139r] ---
[...ra] | Selagănda lan Selarasa sami | Pangrênyuh anêbah[404] matur | inggih idi sampeyan | nanging wontên raka prabu kula suwun | yèn sanggup sri naranata | ngampahi[405] dhatêng kang rayi ||
37. sri naranata ngandika | iya ingsun jêjalukana gusti | sok walulya[406] sira ratu | apa kang sira têdha | Ni Pangrênyuh aturira ing sang prabu | sadhèrèk kula kang wêdrah | pinêndhêm onèng jro bumi ||
38. punika kang kula têdha | sri nalendra aris anênakèni | wayah apa duk kinubur | Pangrênyuh aturira | inggih têbêng abêdhah Madhêndha dangu | Selarasa angandika | iya sanggup anguculi ||
39. Prabu Anom angandika | nadyan luwih sing iku anuruti | amundhuta urip ingsun | si kakang tan lênggana | Ni Pangrênyuh nulya juput saking gêlung | cêcupu kang
[Ilustrasi]
--- [f. 139v] ---
isi lênga | binuka pisan tumuli ||
40. umob lir sêgara bêna | pulut ilang têmahan dadi warih | bala kêlêm anèng ranu | jêro pan ora jajak | bala êjin sadaya padha atulung | angêntas wadya manusya | kabèh wus minggah bênawi ||
41. sang nata eram tumingal | ing saktine tan ana kang nandhingi | Selarasa agêlis muwus |[407] sarya mondhong kang garwa | kang sun têdha wongira aja na milu | kon jaga bae gêgana | lan sira ja milu jurit ||
42. Pangrênyuh mêsat ing wiyat | sabalane ajaga nèng wiyati | kocapa sakèh pêrau | minggir anèng dharatan | kang nèng dharat bala kapir pan gumuruh | angamuk kalih kulewang | wong Sêlam mêngkatên malih ||
43. injing mangkat ing payudan | bala
[Ilustrasi]
--- [f. 140r] ---
kapir angrukêt amêdhangi | anubak-tinubak[408] campuh | suligi kadi udan | panah busur bandringe pating saliwur | tan ana ingkang kasoran | sami digjaya ing jurit ||
44. Prabu Anom duk tumingal | pan kalintang wêlas dènnya ningali | ngandika mring arinipun | Kya Patih Selagănda | payo yayi wong tatêlu padha ngamuk | padha sêsambungan kăndha | wong têtêlu barêng mati ||
45. Selarasa aturira | ing panêdha kawula raka aji | lêhêng sami pinaribuh | amrih lindhunge yuda | Selagănda nêmbadani aturipun | wus apês pêrange bala | ngandika sri narapati ||
46. paman Lubama karia | aja milu pêrang lan Ujum Sidik | rêksanên kawulaningsun | kang paman aturira | inggih nuhun [nu...]
[Ilustrasi]
--- [f. 140v] ---
[...hun] anak prabu ajêng tumut | suka pêjah ing payudan | arsa tumut pêrang sabil ||
47. kang para putra ngandika | ya ta paman nanging dèn ati-ati | aja ngamuk balaningsun | baris saking kadohan | bok kaliru gèn ingsun apêrang litung[409] | suraka saking kadohan | kêkalunga janur kuning ||
48. wadya barise kadohan | akêkalung sêdaya janur kuning | surak wong Sêlam gumuruh | nibangi[410] bala kupar | Prabu Anom dhuwunge sampun ingunus | sêmpana tur sinêrasah | miyos Êmpu Maosmait[411] ||
49. Selagănda dhuwungira | mentar-mentar jênêng Kalamisani | Pêjajaran ingkang mangun | duk mimiti anêpa | Selarasa sampunira narik dhuwung | Êmpu Lumbang kang ayoga | adêmêl[412] gandring kêkili ||
50. Selarasa [Selara...]
[Ilustrasi]
--- [f. 141r] ---
[...sa] Selagănda | Prabu Anom angatak ingkang rayi | anêbut bismilah sampun | nulya magut ing yuda | Prabu Anom angamuk baris kang kidul | Selarasa baris têngah | Selagănda baris kèri ||
51. sinasog ing ganjur atap | pinêdhangan Selagănda tan kêni | kang mara mara sinuduk | ngamuk kadi parênjak | bala kapir puyêngan ngêmbari musuh | Prabu Anom ngamuk rampak | Selagănda anyairi ||
52. Selarasa saking wuntat | anyuduki kapir akèh kang mati | nyuduk sapisan lir têrus | ingkang kasêrang bubar | maksih kathah wong kapir kang padha rawuh | kang prapta tanpa wilangan | wong kapir kathah miyosi ||
53. Selasyara Selagănda | pangamuke ing mangke sampun dadi | wokene[413] kapir wus tumpuk | ingkang anitih kuda | mati sarêng ingamuk |[414] wênèh ingkang nunggang liman | wus mati kêlawan èsthi ||
[Ilustrasi]
--- [f. 141v] ---
54. malah sêgara ludira | ing paprangan sarah watang ing baris | kopyah kadi uwur-uwur | ganggêng kumbala mêrak | alêlumut sinjang kampuh lusuh |[415] dalah akarikil sirah | êndhut pulo pêcah sami ||
55. pangamuke Selarasa | kang kasêrang kapir kathah kang mati | landhehane sampun lunyu | dening gêtih kacurnan | ingungkulan Selarasa dhuwungipun | mèntèr-mèntèr katingalan | mambêt gêtih angajrihi ||
56. sakatiga tanpa rowang | sarirane sampun awor lan gêtih | cape prajurit katêlu | kêsêl ngamuki kupar | samya rèrèn wau ing waringin kurung | wong kapir sira tumingal | kapok sarya mundur miring ||
40. Durma
1. aningali sira Raja Malikawan | Sang Raja Menak Janggi | angagêm kulewang | ingiring dening bala | sarya bêksa carabali | asuka-suka | surake angajrihi [anga...]
[Ilustrasi]
--- [f. 142r] ---
[...jrihi] ||
2. pênyanane wong kapir mring Selarasa | yèn sayah ing ajurit | nyanane kabranan | sakatiga ajajar | Menak Janggi aningali | ing Selarasa | arsa sira nandangi ||
3. sarya ngucap Menak Janggi asêsumbar | pagutên tandang mami | katêlu tumandang | cacakên raja sabrang | lamun sira arêp mati | bêcike sira | nututa sun talèni ||
4. asrahêna anak rabinira hewan | marene sun tampani | turan sira gêsang | Selarasa miyarsa | angadêg sarya nudingi | sigra angasta | camêthine tininggil ||
5. Selarasa pangucapira tur asya | menea[416] lanat kapir | Menak Janggi mara | sarwi angikal pêdhang | sigra amêdhang tumuli | Ki Selarasa | panggah datan gumingsir ||
6. pinêdhangan ping tiga ping pat tan pasah | mêdhang tinitir-titir | Menak Jowar ngucap | Selarasa malêsa | tandangira sun cicipi | Ki Selarasa | gêgêt waja nandangi ||
7. duk cinandhak astanira Menak Jawar | sampun [sam...]
[Ilustrasi]
--- [f. 142v] ---
[...pun] tan bisa usik | Menak Jawar ngucap | lah age patènana | bari sira nyênyakoti | kapising pisan | anulya tinampiling ||
8. balanira ingkang kari sami apêjah |[417] nulya angrangsêk wani | bala Sêlam mara | sampun campuh ing yuda | longning[418] kang sami ajurit | wong Malikawan | balane akèh mati ||
9. wong Tantunus mara dhatêng ing payudan | angamuk kalih kêris | Husèn Sabir ngucap | saking luhuring liman | Selagănda wus kapusthi | dening sang liman | wong kapir anuraki ||
10. Selagănda kasurung dening kang liman | surung-sinurung sami | Husèn Sabir ika | anèng luhuring liman | modar Selagănda anjing | sarya angucap | gajah tujahên agêlis |[419]|
11. Selarasa angsal padalan buntala | liman kasurung malih | limane kajêngkang | dhinupak puking lumba | pêcah êndhase apalih | Husèn malêmpat | gajahe
[Ilustrasi]
--- [f. 143r] ---
agulinting ||
12. wus malêmpat Husèn Sabiri sing liman | bali Husèn Sabiri | wus angunus pêdhang | cangcut gilik kawatang | Selagănda dèn pêdhangi | ginuco sigra | mati Husèn Sabiri ||
13. sinurakan wong kapir dening wong Sêlam | balane angêbyoki | baris pangrampogan | ginitik sami sêmpal | kumbala sami ngêbyuki | Ki Selagănda | kadya pêrjak[420] tinaji ||
14. Sang Tantanus mangsah lan sabalanira | lawan Jobin Binali | samya nitih liman | sarya angagêm panah | ginarêbêg ing prajurit | wong Jumintaran | Mahraja Kêrsnabali[421] ||
15. lawan Raja Talkăndha Dhangdhangmêgora | angêrbêk pra bupati | Sang Nata Burerah | mangsah marang payudan | Prabu Anom aningali | lan Selagănda | Selara ningali |[422]|
16. samya cangcut katigane sambung kunca | dhuwung samya ngunusi | sigra ngamuk rampak | bala
[Ilustrasi]
--- [f. 143v] ---
kasêrang bubar | rinukêt kang para aji | sarwi ngandika | hèh sanak para aji ||
17. sok rukêtên aja dèn wènèhi ondhar | endah bagèn kang mati | lah mara rangsêgna | gajahira dèn enggal | wus rukêt ingkang ajurit | wus ingalangan | kapir êmbuh kang mati ||
18. gajah ngawe pan sarêng pancawèlira | Selaras[423] nyamêthi |[424] ing liman sêkawan | mati anèng paprangan | malêmpat sigra sang aji | balane ganggang | Patih Nurjaman prapti ||
19. sampun mêndhêk Prabu Anom ngaras pada | miwah rayi kêkalih | Nurjaman ngandika | Ki Anom mangun yuda | tan bêtah maras kang ati | andêlêng sira | manawi tan kuwawi ||
20. aturipun wau putra sakatiga | sampun tumut ajurit | atasing kawula | rèh amusuh manusya | Nurjaman sira nauri | lah tanpanana[425] |
[Ilustrasi]
--- [f. 144r] ---
nyok iki wuruk mami ||
21. Selarasa nyok iki apalêna |[426] sira sun wuruk aji | pêtaking wong Menak | aji gelap nêm dhomas | adêgêna yèn ajurit | singa kasêrang | kadya tan darbe urip ||
22. jangjining Yang iku pasthi ana sira | dene ta ana aji | sêlamêt lampahnya | iku karsane Sukma | putra têtiga wotsari | Nurjaman ngucap | lan aja amatèni ||
23. ing wong cili iku ingkang kita palar | matènana sêsami | uwis ta karia | sun jaga ngawang-awang | putra têtiga wus kakir | Nurjaman ngucap | wong kapir ngrangsêk malih ||
24. asêsumbar Selarasa ing payudan | rêbutên ing ajurit | putra saking Cêpa | Jatiswara kang wayah | ingsun putune sêjati | lah kêmbulana | pan ora sun singgahi ||
[Ilustrasi]
--- [f. 144v] ---
25. amiyarsa wong kapir sêsubarira | sêdaya angêbyuki | Selarasa pêtak | wurukipun Nurjaman | kalêngêr sakèhing kapir | sagunge nata | sami tiba ing[427] èsthi ||
26. satangine burangkangan nitih liman | nulya angrangsêg malih | angamuk lan liman | Selarasa apêtak | asuliring[428] sakyèh aji | tiba sing liman | anglumba bali maning ||
27. kêkubêngan Sang Nata ing Aburerah | lawan sagunging aji | sira ngrungu apa | maning-maning sok tiba | ature kang para aji | pamirêng kula | kadya bêdhah kang langit ||
28. tibalana si tabit marene enggal | ki tabit wus kapanggih | marêk ing ngayunan | sang nata angandika | ki tabit dèn têtakèni | ing wruhanira | apa [a...]
[Ilustrasi]
--- [f. 145r] ---
[...pa] mulane gumris ||
29. kyai tabit ature dhatêng sang nata | inggih bawaning aji | ingkang ingaranan | sèwu têbêng apêtak | Menak Ambyah kang karihin | mangke katular | Selarasa gêntèni ||
30. sakêlangkung atur kula lir canthuka | anêdha warsa gusti | martani bêthara | dawêk dika ngawona | wangsul asraha nêgari | atur kawula | ing dhingin botên sisip ||
31. amiyarsa sang nata ing aturira | dening amêjanani | kasrêngên kalintang | mêmisuh cara Cina | Cina lele maciwahi | amegang rotan | tabite dèn gêbugi ||
32. pan kalêngêr ki tabit anèng ngajêngan | kasilir dening angin | ngarêjèt ping tiga | nulya angêlilir pisan |[429] jongkong-jongkong nulya linggih | matur anêmbah | sang nata
[Ilustrasi]
--- [f. 145v] ---
kula amit ||
33. ajêng ngungsi kawula ing Ratu Islam | mênawi inggih sudi | kanggenan kawula | nata kuda angucap | ngungsia pan sun tadhahi | bêcike pisan | budia sun kêmbari ||
34. ênênga ingkang angungsi nalendra |[430] pan sampun dèn tampani | kocapa sang nata | Mahraja Sarnusan |[431] Maharaja Krêsnabali | anitih liman | ngêmbuli ing ajurit ||
35. Selarasa wus kapusthi dening liman | dêdêl-dinêdêl sami | gumujêng sang nata | anèng luhuring liman | bantingên liman dèn agêlis |[432] Ki Selarasa | ajujung liman kalih ||
36. pan ingabên kang liman ing Selarasa | rêmuk èsthi kêkalih | malêmpat sang nata | nulya angagêm gada | balik amupuh tumuli | Ki Selarasa | panggah datan gumingsir ||
37. pamupuhwe[433] sang nata langkung prakosa | sarya
[Ilustrasi]
--- [f. 146r] ---
ngêlokkên mati | modar Selarasa | iki kang dera palar | rasakêna sun gitiki | cinandhak sigra | binanting raja kalih ||
38. Raja Jubin Sarnusan pan sampun pêjah | lawan Sang Krêsnabali | binanting sapisan | nata kêkalih pêjah | surak Sang Raja Musêlim | sigra tumingal | dening Menak Ginangsing ||
39. Raja Aburerah anitihi liman | rayi sêkalih mati | bramatya sang nata | sigra anitih liman | kalawan Menak Binali | sarêng nêrajang | Selagănda ngêmbari ||
40. Prabu Anom yuda lan Raja Kumbala | surung-sinurung sami | tulalene liman | amukêt Selagănda | liman pan arsa matèni | Ki Selagănda | dhuwung ngunus tumuli ||
41. wus cumundhuk dhuwung saêpoking kumba | gajah anggêro mati | sang nata malêmpat |
[Ilustrasi]
--- [f. 146v] ---
saking luhuring liman | bali angrangsang kya patih | candhak-cinandhak | Menak Ginangsing mati ||
42. pinrajaya kêna jajane daludag | Selasyara ajurit | lamine sang nata | aburu Selasyara | kang rayi arsa nulungi | Ki Selasyara | apênging anulungi ||
43. Selasyara kasurung dening kang liman | angsal padalan wukir | kasurung kang liman | tinabok êndhasira | pulo[434] muncar awor gêtih | Prabu Kumbala | lêlêpate kêpati ||
44. tiningalan dening sanak kulawarga | sêdaya sampun mati | Sang Raja Burerah | mundur arsa mêmudya | ing brahalane kang dhingin | dangu mêmudya | ing brahalène iki ||
45. nulya mêtu brahala ing cangkêmira | paksi Wilmana jrihi | êlar lungit găngsa | kuku wêsi mêngangkang | cucuk wêsi purasani | ajalu [aja...]
[Ilustrasi]
--- [f. 147r] ---
[...lu] waja | tumpêng tuhu yèn mandi ||
46. sampun nitih wau Sang Nata Burerah | Wilmana mabur agêlis |[435] angêlayang ngambara |[436] anambêr bala Sêlam | wong Islam kathah kang mati | Ki Selarasa | prayatna ngrasuk agêlis |[437]|
47. wis andêdêl Selarasa ing buntala | muluk anèng wiyati | angambah wang-awang | angêjêr ing gêgana | Selarasa andhatêngi | Prabu Kumbala | prayatna tan gumingsir ||
48. wus sinêblak wilmanane Sang Kumbala | Wilmana aningali | marang Selarasa | mangan cucuking waja | nulya anucuk sira glis | Ki Selarasa | binanting mega putih ||
49. pan sinèbêt ing êlar jinalu pisan | winasuh-wasuh mangkin | Kumbala karênan | wau ta Sang Wilmana | sasênggak aganti-ganti | tan wande modar | sadhela bahe[438] [bah...]
[Ilustrasi]
--- [f. 147v] ---
[Ilustrasi]
[...e] mati ||
50. lah malêsa Selarasa ing gêgana | yèn tuhuning prajurit | yèn sampun dèn lêkga | wau Ki Selarasa | Selarasa anandangi | anulya tandang | Wilmana dèn tampiling ||
51. kalêbêkan Wilmana tiba ing lêmah | sang brahala nungkêmi | padha tinulungan | wus walulya Wilmana | ngukup dupane samèdi | ya ta brahala | cangkême mêtu warih ||
52. sumamburat anètèsi ing Wilmana | nulya walulya maning | sigra Sang Wilmana | tumênga angambara | wus muluk ing mega putih | Prabu Kumbala | ngagêm pêdhang ngajrihi ||
53. Sang Wilmana nucuk marang Selarasa | Kumbala amêdhangi | tinangkis kang pêdhang | lawan drasada êmas | putung pêdhange nêrpati | camêthi êmas | kêna gunggunging paksi ||
54. Sang Wilmana angêlubuk sarwi angêlayang |[439] sampun niba
--- [f. 148r] ---
[Ilustrasi]
ing siti | Kumbala nênêdha | marang brahalanira | Wilmana walulya maning | muluk ing wiyat | nulya anambêr aglis ||
55. sinambêran Selarasa anèng wiyat | cinamêthi tan kêni | wus kêsêl kang yuda | nora na kang kasoran | sigra Nurjaman dhatêngi | mring Selarasa | sang bagus angabêkti ||
56. angandika Nurjaman mring Selarasa | ngapaa sira iki | ingsun wuruk pêtak | sêdaya anèng sira | Wilmana pan nora mati | dening gêgaman | balik pêtaka aglis ||
57. wis karia ingsun jaga ing gêgana | sigra patih wus têbih | Wilmana nêrajang | lawan Prabu Kumbala | Selarasa anêmêni | pêtak ping tiga | kadya rubuh kang langit ||
58. Sang Wilmana sapêmangsah pinêtakan | lêmês cucuking wêsi | êlar bodhol [bo...]
--- [f. 148v] ---
[...dhol] burak | matanya sampun wuta | rêmuk kêpalane kalih | wus mati pisan | Kumbala kasuliring ||
59. lajêng pêjah Raja Kumbala ing rana | tan ana măngga pulih | wadyabala kupar | mêlayu asasaran | datan tulih ratunèki | pan mungkur menda | samya abêbêntusi ||
Katam
1 | Kurang satu suku kata: mangan lawan pêpanganan. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: ingsun arsa nglamar kakung. (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata: anglamar ing Ngêsam iku. (kembali) |
4 | mintara. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: kyana patih awotsêkar. (kembali) |
6 | Biasanya guru lagu a: mêntas alohor salat. (kembali) |
7 | juwadah. (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: lawan sakèhing juwadah. (kembali) |
9 | ngibadah. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: ngibadah sarwi tilawat. (kembali) |
11 | ingkang. (kembali) |
12 | nêrapêna. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: kiyai lêrês andika. (kembali) |
14 | Kurang satu suku kata: ing wong nglakoni sapakon. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: yaiku titahing Allah. (kembali) |
16 | mêlocot. (kembali) |
17 | malêsat. (kembali) |
18 | angutus. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: Allah Tangala angutus. (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: maring malekat dènira. (kembali) |
21 | kinaningaya. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: anglosot anèng pangkone. (kembali) |
23 | Kurang satu suku kata: kakangbok Ni Rumsêkar. (kembali) |
24 | agêgêlung. (kembali) |
25 | ririh. (kembali) |
26 | Biasanya guru lagu a: yèn wis titahing Yang Suksma. (kembali) |
27 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: sêdaya aja na kari. (kembali) |
29 | otota. (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: iku kudu cinêlathu. (kembali) |
31 | rinêksa. (kembali) |
32 | amurbèng. (kembali) |
33 | Selasyara. (kembali) |
34 | gêlis. (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata: kawula nglakoni iku. (kembali) |
36 | siwinira. (kembali) |
37 | Lebih satu suku kata: abêkta dêdamêl aglis. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata: ing mêngko ta wusing takdir. (kembali) |
39 | anincing. (kembali) |
40 | Biasanya guru lagu i: kawanin. (kembali) |
41 | Kurang satu suku kata: rok tajung pêrange wèsthi. (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: mênawi bok kaabêna. (kembali) |
43 | Kurang satu suku kata: syarane surak gumuruh. (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata: susun tindhih ingkang kukus. (kembali) |
45 | mlajar. (kembali) |
46 | Kurang satu suku kata: kiyai kadi punêndi. (kembali) |
47 | nungkêbi. (kembali) |
48 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: bumi miring winatêkan. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: ingkang baris samya ngrasa. (kembali) |
50 | ginunjing. (kembali) |
51 | kabèh. (kembali) |
52 | kantêb. (kembali) |
53 | mandêlik. (kembali) |
54 | ngambêngi (dan di tempat lain). (kembali) |
55 | raina. (kembali) |
56 | êntrog. (kembali) |
57 | Lebih satu suku kata: dalah kasaput ing wêngi. (kembali) |
58 | Lebih satu suku kata: asru dènnya wêcana. (kembali) |
59 | wau. (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata: sri nalendra mantuk kêdhatone wau. (kembali) |
61 | akanin. (kembali) |
62 | sun. (kembali) |
63 | ingulatan. (kembali) |
64 | Kurang satu suku kata: yèn botên ingulatan. (kembali) |
65 | Lebih satu suku kata: amung pêdhêkan tiga. (kembali) |
66 | Kurang dua suku kata: milane datan atêbah. (kembali) |
67 | Lebih satu suku kata: lapale rumuhun akbar . (kembali) |
68 | lêrês. (kembali) |
69 | Lebih dua suku kata: angêdohi jinabad. (kembali) |
70 | Lebih satu suku kata: ni êmban asru angling. (kembali) |
71 | Lebih satu suku kata: sulêdên damare aglis. (kembali) |
72 | Lebih satu suku kata: prapta pagêlaran aglis. (kembali) |
73 | kagèt. (kembali) |
74 | kakung. (kembali) |
75 | Kurang satu suku kata: kakang apa ta iki. (kembali) |
76 | Lebih satu suku kata: êmban tuwa miyarsa ngling. (kembali) |
77 | Kurang satu suku kata: sira anom têka nyakar-nyakar lêmah. (kembali) |
78 | kandhohan. (kembali) |
79 | Lebih satu suku kata: sang putri sira angling. (kembali) |
80 | pangudasmaranira. (kembali) |
81 | Lebih satu suku kata: praptane kur-ungkuran. (kembali) |
82 | Lebih satu suku kata: amangku dhatêng kang putra. (kembali) |
83 | Lebih satu suku kata: sabên wastraning adi. (kembali) |
84 | Lebih satu suku kata: rèhning dasih kawlasasih. (kembali) |
85 | Lebih satu suku kata: banjêrêt jroning paprêman. (kembali) |
86 | Kurang satu suku kata: Selarasa mring jro puri. (kembali) |
87 | nyangking. (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata: lan rahmating Yang Widi. (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata: para inya sampun myarsa warti. (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata: sarya nglirik dhatêng sang pêkik. (kembali) |
91 | Kurang satu suku kata: Selarasa awotsêkar. (kembali) |
92 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
93 | Lebih satu suku kata: ora maklum kakangira yèn alaki. (kembali) |
94 | Kurang satu suku kata: ukum kitabe ingsun amanggih. (kembali) |
95 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
96 | Kurang satu suku kata: waliullah Selarasa muwus aris. (kembali) |
97 | Lebih satu suku kata: Selagănda angliring rayi. (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata: Selarasa angling andika puniki. (kembali) |
99 | Lebih satu suku kata: amardapa ki ujum sarya ngling. (kembali) |
100 | sêkawan. (kembali) |
101 | akêkanthèn. (kembali) |
102 | palastha. (kembali) |
103 | Kurang satu suku kata: rame kang wong ing jêro lan jawi. (kembali) |
104 | Kurang satu suku kata: amiyarsa syarane bêndhe tinitir. (kembali) |
105 | Lebih satu suku kata: mêpêk sakèh tontonan. (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata: padha akumpul ing darparagi. (kembali) |
107 | Lebih satu suku kata: Selagănda mantuk cêcongklangan. (kembali) |
108 | Kurang satu suku kata: apan puniku sampun. (kembali) |
109 | datan. (kembali) |
110 | Kurang satu suku kata: Selarasa wau datan apti. (kembali) |
111 | wêradin. (kembali) |
112 | lumintu. (kembali) |
113 | ambêngipun (dan di tempat lain). (kembali) |
114 | Lebih satu suku kata: sri nalendra anglirik dhatêng kang rayi. (kembali) |
115 | gumêrah. (kembali) |
116 | kumêcêr. (kembali) |
117 | Lebih dua suku kata: Atashulu sira Raja Kusyari. (kembali) |
118 | dinokok. (kembali) |
119 | sarêng. (kembali) |
120 | gêrotan. (kembali) |
121 | Lebih dua suku kata: wraksa gêng kathah kang rusak. (kembali) |
122 | gunung. (kembali) |
123 | Kurang dua suku kata: palya agêng kalawan palya alit. (kembali) |
124 | kewuh. (kembali) |
125 | Kurang satu suku kata: yèn ana pêrau dagang. (kembali) |
126 | parwata. (kembali) |
127 | Kurang dua suku kata: wontên nguwuh-uwuh pinggir pasisir. (kembali) |
128 | alapi. (kembali) |
129 | Kurang satu suku kata: donya brana dèn alapi. (kembali) |
130 | Kurang satu suku kata: kang sanunggal patih mami puniki. (kembali) |
131 | Lebih satu suku kata: têka kukuh bari anglêlarani. (kembali) |
132 | Lebih satu suku kata: rèhning tuwan angurupi dhatêng ingsun. (kembali) |
133 | agama. (kembali) |
134 | Kurang satu suku kata: anuta agama mami. (kembali) |
135 | Kurang satu suku kata: ngucapa asadualla. (kembali) |
136 | sampun. (kembali) |
137 | dènira. (kembali) |
138 | Lebih satu suku kata: saking nêgara Rum singgih. (kembali) |
139 | sang (dan di tempat lain). (kembali) |
140 | Kurang satu suku kata: kiyai anêdha sêga. (kembali) |
141 | têtămba. (kembali) |
142 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
143 | Lebih satu suku kata: ki nakuda angling ing bêndheganipun. (kembali) |
144 | udhunana. (kembali) |
145 | nakuda. (kembali) |
146 | unggahêna. (kembali) |
147 | Lebih satu suku kata: angling Kya Patih Mangkurat. (kembali) |
148 | kaèksi. (kembali) |
149 | Lebih satu suku kata: turu botên anglilir. (kembali) |
150 | Lebih satu suku kata: bocah udhuna agêlis. (kembali) |
151 | Lebih satu suku kata: prandene datan anglilir. (kembali) |
152 | ya. (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata: kapanasan anglilir. (kembali) |
154 | Lebih satu suku kata: kang patih tangia aglis. (kembali) |
155 | orêg (dan di tempat lain). (kembali) |
156 | kadang. (kembali) |
157 | sinawang. (kembali) |
158 | Lebih satu suku kata: nuntên anglurug sang aji. (kembali) |
159 | Lebih satu suku kata: asumbar-sumbar duk jurit. (kembali) |
160 | obongi (dan di tempat lain). (kembali) |
161 | Sindu. (kembali) |
162 | Mangkubumi. (kembali) |
163 | Kurang satu suku kata: lah matura dèn agêlis. (kembali) |
164 | saking. (kembali) |
165 | Lebih satu suku kata sang nata mangke angling. (kembali) |
166 | panêluhanira. (kembali) |
167 | Lebih satu suku kata: kanggêk kang nata miyarsi. (kembali) |
168 | Lebih satu suku kata: Raja Mahpul mangkin angling. (kembali) |
169 | Lebih satu suku kata: sêkarone dèn aglis. (kembali) |
170 | anandangi. (kembali) |
171 | kadya. (kembali) |
172 | Lebih satu suku kata: gumêrah swaranya. (kembali) |
173 | Lebih satu suku kata: sang nata asru angling. (kembali) |
174 | Lebih dua suku kata: ing tangane Kusyari. (kembali) |
175 | Lebih satu suku kata: anglosod sira. (kembali) |
176 | Kurang satu suku kata: yèn ta pêsajaa. (kembali) |
177 | nêmbanga. (kembali) |
178 | besuk. (kembali) |
179 | Lebih satu suku kata: sasêkutuning setan. (kembali) |
180 | Biasanya guru lagu a, tetapi pada awal Pupuh Asmaradana ini untuk gatra ke-2 guru lagu o sering digunakan. (kembali) |
181 | Lebih satu suku kata: ênêngna ingkang lumaris. (kembali) |
182 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
183 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
184 | Kurang satu suku kata: akèh arsa tinêngrana. (kembali) |
185 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
186 | sasmita. (kembali) |
187 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
188 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
189 | Anom. (kembali) |
190 | winiraos. (kembali) |
191 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
192 | sinêmbadan. (kembali) |
193 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
194 | Lebih satu suku kata: tumungkul dangu tan angling. (kembali) |
195 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
196 | sinêmburan (dan di tempat lain). (kembali) |
197 | Kurang satu suku kata: gusti mênawa-mênawi. (kembali) |
198 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
199 | wawêdining. (kembali) |
200 | Lebih satu suku kata: mondhok ing tatêlan iku. (kembali) |
201 | Kurang satu suku kata: dhumatêng sri nalendra. (kembali) |
202 | Lebih satu suku kata: Kuwari nambungi angling. (kembali) |
203 | asêsumbar (dan di tempat lain). (kembali) |
204 | Lebih satu suk kata: sarwi nglèmbèhakên pêdhang. (kembali) |
205 | Lebih satu suku kata: Ki Lubama angling aris. (kembali) |
206 | tinêmbang. (kembali) |
207 | Kurang satu suku kata: kêlatbau ulur-ulur. (kembali) |
208 | wêdrah. (kembali) |
209 | Kusyari. (kembali) |
210 | Lebih satu suku kata: Raja Sindu Mahpul angling. (kembali) |
211 | nulya. (kembali) |
212 | Lebih satu suku kata: ingkang raka angling nulya. (kembali) |
213 | Lebih satu suku kata: saking kapal dipun aglis. (kembali) |
214 | Lebih satu suku kata: kang prabu turuna aglis. (kembali) |
215 | andêngkèni. (kembali) |
216 | Lebih satu suku kata: Prabu Kalithi umatur. (kembali) |
217 | Lebih satu suku kata: tumulya aglis malêmpat. (kembali) |
218 | Lebih satu suku kata: sun lawane têtunggulan. (kembali) |
219 | kêmbulana. (kembali) |
220 | malêmpat. (kembali) |
221 | Kurang satu suku kata: malêmpat sing prênahira. (kembali) |
222 | Kurang satu suku kata: mangkana sri narapati. (kembali) |
223 | Kurang satu suku kata: anganggo garudha mungkur. (kembali) |
224 | karawistha. (kembali) |
225 | puspakrêsna. (kembali) |
226 | jênêngane. (kembali) |
227 | Kurang satu suku kata: jênêngane Traju Trisna. (kembali) |
228 | Bêthara. (kembali) |
229 | atata. (kembali) |
230 | Kurang satu suku kata: prayatna atata gêlar. (kembali) |
231 | gandhewa. (kembali) |
232 | Kurang satu suku kata: bêksa gandhewa jêmparing. (kembali) |
233 | Prabu Anom (dan di tempat lain). (kembali) |
234 | Kurang dua suku kata: inggih prabu kang sayakti. (kembali) |
235 | Kurang satu suku kata: syara amêlingi karna. (kembali) |
236 | Lebih satu suku kata: punika tanggal ping kalih. (kembali) |
237 | Lebih satu suku kata: balane anglot ing ngarsa. (kembali) |
238 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: miwah Prabu Kalithika. (kembali) |
239 | Kurang satu suku kata: Selarasa ika datan obah. (kembali) |
240 | purugnèki. (kembali) |
241 | pungkur (dan di tempat lain). (kembali) |
242 | Lebih satu suku kata: wus binakta ngambara aglis. (kembali) |
243 | anauri. (kembali) |
244 | takdiring. (kembali) |
245 | Lebih satu suku kata: Selarasa mênggah dènnya angling. (kembali) |
246 | Lebih satu suku kata: banglene iku bawang. (kembali) |
247 | mêngalèr. (kembali) |
248 | Lebih satu suku kata: anglampahi surup yyang rawi. (kembali) |
249 | Lebih satu suku kata: amblês ing siti tibane. (kembali) |
250 | Lebih satu suku kata: nulya tilar mêlayu aglis. (kembali) |
251 | Lebih satu suku kata: bêlis lanat glis nyandhak. (kembali) |
252 | Kurang satu suku kata: baya ta duwene sapa. (kembali) |
253 | dèwi. (kembali) |
254 | ngêndi. (kembali) |
255 | Lebih satu suku kata: sri nalindra angling jroning ati. (kembali) |
256 | wuwus. (kembali) |
257 | Kurang satu suku kata: wong aurip ing pêjah. (kembali) |
258 | Kurang satu suku kata: kang jin kapir datan katingalan. (kembali) |
259 | wêngkang. (kembali) |
260 | pinandêng. (kembali) |
261 | Lebih satu suku kata: marang Pulo Rukmi dèn aglis. (kembali) |
262 | polahe. (kembali) |
263 | lumampah (dan di tempat lain). (kembali) |
264 | rawuh. (kembali) |
265 | Kurang empat suku kata: wus katingal dening nggènya tansah sêngkung. (kembali) |
266 | ing. (kembali) |
267 | sasumèhing. (kembali) |
268 | akêkanthèn. (kembali) |
269 | Lebih satu suku kata: Prabu Anom pamuwuse mêlasarum. (kembali) |
270 | Lebih satu suku kata: akasukan siyang anutug wêngi. (kembali) |
271 | laminipun. (kembali) |
272 | singgih. (kembali) |
273 | amuruk. (kembali) |
274 | lingirèku. (kembali) |
275 | obat. (kembali) |
276 | sêsinggahan. (kembali) |
277 | wukir. (kembali) |
278 | Biasanya guru lagu e(o): karsane. (kembali) |
279 | têguh. (kembali) |
280 | Jongbinang. (kembali) |
281 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu i: baya pantês musuh iki. (kembali) |
282 | angêrapakên. (kembali) |
283 | kuwat. (kembali) |
284 | timbanga. (kembali) |
285 | Lebih satu suku kata: wus padha muliha aglis. (kembali) |
286 | buntute. (kembali) |
287 | sêsandêran. (kembali) |
288 | Lebih satu suku kata: kang kinèn anglajua. (kembali) |
289 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
290 | pambêlahing. (kembali) |
291 | gègèr. (kembali) |
292 | janma. (kembali) |
293 | Kurang satu suku kata: dening sakèhing janma. (kembali) |
294 | kocapa. (kembali) |
295 | mangkirig. (kembali) |
296 | mêntas. (kembali) |
297 | Kurang satu suku kata: lir karêngèng awiyat. (kembali) |
298 | Nata. (kembali) |
299 | Kurang satu suku kata: sang nata ling yayi linggiha ing ngriki. (kembali) |
300 | dangu. (kembali) |
301 | kawula. (kembali) |
302 | Kurang satu suku kata: pan kawula têtilar nêgari. (kembali) |
303 | injing. (kembali) |
304 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: nuhun suka paduka. (kembali) |
305 | Selagănda. (kembali) |
306 | Lebih satu suku kata: nulya aglis matur. (kembali) |
307 | Lebih satu suku kata: Prabu Selangkara angling aris. (kembali) |
308 | pêpindhanya. (kembali) |
309 | kesah. (kembali) |
310 | dagan. (kembali) |
311 | Kurang satu suku kata: tan ana kalintangan. (kembali) |
312 | dhêsthar. (kembali) |
313 | kumêmbêng. (kembali) |
314 | saking. (kembali) |
315 | wis. (kembali) |
316 | kakang. (kembali) |
317 | ambêgawani. (kembali) |
318 | bêbature. (kembali) |
319 | Kurang satu suku kata: sang prabu gya anêmbah. (kembali) |
320 | Lebih satu suku kata: tan kawarna lampahirèng margi. (kembali) |
321 | anêmbang. (kembali) |
322 | Selarasa. (kembali) |
323 | ambêng. (kembali) |
324 | têturahan. (kembali) |
325 | mustaka. (kembali) |
326 | ăntakusuma. (kembali) |
327 | Kurang satu suku kata: têdhak saking suwarga. (kembali) |
328 | Kurang satu suku kata: Sanuk lan Husèn Sabiri. (kembali) |
329 | Lebih satu suku kata: garap tutuke yèn angling. (kembali) |
330 | Kumbala. (kembali) |
331 | putuningsun. (kembali) |
332 | Biasanya guru lagu a: Radèn Sambawa aseba. (kembali) |
333 | Lebih satu suku kata: garap tutuke yèn angling. (kembali) |
334 | anaa. (kembali) |
335 | Lebih satu suku kata: mêtokêna ing gêtih ingsun sun ganjar. (kembali) |
336 | tabit. (kembali) |
337 | Lebih satu suku kata: cêthanên mara dèn aglis. (kembali) |
338 | kêbiri (dan di tempat lain). (kembali) |
339 | wani. (kembali) |
340 | walèha. (kembali) |
341 | Kurang satu suku kata: satêrah-têrahe wali. (kembali) |
342 | sigra (dan di tempat lain). (kembali) |
343 | Lebih satu suku kata: aku arêp anglurugi. (kembali) |
344 | sanadyan. (kembali) |
345 | pakeling. (kembali) |
346 | amaspaosêna. (kembali) |
347 | tinêlukan. (kembali) |
348 | Lebih satu suku kata: anglindhih dhatêng sang aji. (kembali) |
349 | Barindi. (kembali) |
350 | cilik. (kembali) |
351 | Lebih satu suku kata: angling ing para nata. (kembali) |
352 | malêbu. (kembali) |
353 | Kurang satu suku kata: kang kèh malêbu ing gêni. (kembali) |
354 | makan. (kembali) |
355 | arak. (kembali) |
356 | Kurang dua suku kata: nginum arak waragang. (kembali) |
357 | cokèk. (kembali) |
358 | gurnada. (kembali) |
359 | kinèn. (kembali) |
360 | kêkintun. (kembali) |
361 | inggih. (kembali) |
362 | tur. (kembali) |
363 | awèh. (kembali) |
364 | kongkonana. (kembali) |
365 | Lebih satu suku kata: asrah panglamar. (kembali) |
366 | Kurang satu suku kata: kang pangirit alêbur suku sakapat. (kembali) |
367 | runtik. (kembali) |
368 | tunggil. (kembali) |
369 | eca-eca. (kembali) |
370 | kumrap. (kembali) |
371 | upamanya. (kembali) |
372 | Kurang satu suku kata: sêmut upamanya. (kembali) |
373 | ngundhili (dan di tempat lain). (kembali) |
374 | angamuki. (kembali) |
375 | Kurang satu suku kata: dening apa kang bala mundur ayuda. (kembali) |
376 | takèni. (kembali) |
377 | kaduga. (kembali) |
378 | payudan. (kembali) |
379 | kêkalih. (kembali) |
380 | Lebih satu suku kata: angling ing para aji. (kembali) |
381 | sêmangke. (kembali) |
382 | êjin. (kembali) |
383 | kantênan. (kembali) |
384 | Kurang satu suku kata: marang ing Ki Selarasa. (kembali) |
385 | sampun. (kembali) |
386 | măngga. (kembali) |
387 | angamuki. (kembali) |
388 | Maharaja. (kembali) |
389 | Kurang satu suku kata: inggih gusti kawula bobot dugi. (kembali) |
390 | pandugi. (kembali) |
391 | Kurang satu suku kata: saking wingi atur kula tan sipi. (kembali) |
392 | Kurang satu suku kata: mangke gusti wanci lingsir. (kembali) |
393 | Kurang satu suku kata: pêpêkêna mupung isuk. (kembali) |
394 | măncawarna. (kembali) |
395 | ayutan. (kembali) |
396 | Kurang satu suku kata: Menak Jawar lawan Menak Binalik. (kembali) |
397 | wus. (kembali) |
398 | bala. (kembali) |
399 | Kurang satu suku kata: anèng pulut palya datan ausik. (kembali) |
400 | Lebih satu suku kata: ana kang jêjigêlan. (kembali) |
401 | agorok. (kembali) |
402 | miwah. (kembali) |
403 | saguh. (kembali) |
404 | anêmbah. (kembali) |
405 | nglampahi. (kembali) |
406 | Variasi: waluya (dan di tempat lain). (kembali) |
407 | Lebih satu suku kata: Selarasa aglis muwus. (kembali) |
408 | anumbak-tinumbak. (kembali) |
409 | liwung. (kembali) |
410 | nimbangi. (kembali) |
411 | Maospait. (kembali) |
412 | adamêl. (kembali) |
413 | wangkene. (kembali) |
414 | Kurang lima suku kata: mati sarêng pan padha amuk-ingamuk. (kembali) |
415 | Kurang dua suku kata: alêlumut asinjang kampuh alusuh. (kembali) |
416 | mrenea. (kembali) |
417 | Lebih satu suku kata: balanira ingkang kari sami pêjah. (kembali) |
418 | longing. (kembali) |
419 | Lebih satu suku kata: gajah tujahên aglis. (kembali) |
420 | prênjak. (kembali) |
421 | Krêsnabali. (kembali) |
422 | Kurang satu suku kata: Selarasa ningali. (kembali) |
423 | Selarasa. (kembali) |
424 | Kurang satu suku kata: Selarasa nyamêthi. (kembali) |
425 | tampanana. (kembali) |
426 | Kurang satu suku kata: Selarasa ênyok iki apalêna. (kembali) |
427 | sing. (kembali) |
428 | kasuliring. (kembali) |
429 | Lebih satu suku kata: nulya anglilir pisan. (kembali) |
430 | Kurang satu suku kata: ênêngêna ingkang angungsi nalendra. (kembali) |
431 | Kurang satu suku kata: Maharaja Sarnusan. (kembali) |
432 | Lebih satu suku kata: bantingên liman dèn aglis. (kembali) |
433 | pamupuhe. (kembali) |
434 | polo. (kembali) |
435 | Lebih satu suku kata: Wimana mabur aglis. (kembali) |
436 | Lebih satu suku kata: anglayang ngambara. (kembali) |
437 | Lebih satu suku kata: prayatna ngrasuk aglis. (kembali) |
438 | bae. (kembali) |
439 | Lebih dua suku kata: Sang Wilmana anglubuk sarwi anglayang. (kembali) |