Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49)
1. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 14–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 50–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 105r] ---
[Ilustrasi]
35. Puh Lêbar Tanêm[1]
1. pantêse minggat si gêjul | labête nguntal têtai | kasusula ing dadan |[2] ora wurung sun patèni | kumaki kabina-bina | asanggup wani ajurit ||
2. dèn sangoni reyal satus | dening putri Majapait | sarwi digunggung si edan | tur awake kuru aking | wong desa tur banyak akal | kawarnaa Damarsasi ||
3. wus manjing pakuwonipun | wayahira têngah wêngi | anglêrêsi padhang wulan | anuju purnamasidi | Ki Sabdapalon angucap | dawêg radèn lampah maling ||
4. ana abaning têtuhu | bêbênce bêbèkêr[3] muni | angubêngi [angubêng...]
--- [f. 105v] ---
[...i] dalêm pura | ciciu myang ing waringin | anambêri pagêr bata | kasaru dening gong muni ||
5. para garwa kang winuwus | ing latar andhèr alinggih | lagya padha pagunêman | sakathahe para putri | panêdhane para garwa | Menakjingga dèn pêpati ||
6. saur paksi para arum | ratu ayu Majapait | dening lawas nora prapta | basane arêp ngunggahi | nanging ta panêdhaningwang | aja kongsi angunggahi ||
7. dening eman têmên iku | alaki olih wong baring | baya putri Majalêngka | pantêse andhap ing budi | dèn tangguh dede[4] wong gila | rabine sakabèh jêring ||
8. Rêtna Campaka amuwus | nanging ta panêdha mami | Ratu Ayu Majalêngka | oliha sraya kang sakti | kang yogya kêlar maguta | marang yudane si anjing ||
9. Rêtna Wiyati amuwus | nanging ta panêdha mami | kongsi mati Menakjingga | kaul ingsun buwang patih | angur mara kaboyonga | dening putri Majapait ||
10. Ki Damarwulan wus rawuh | adangu ngadêg ing puri | para putri tan uninga | adhèhèm-dhèhèm aririh | para putri padha bubar | singidan maring kang sêpi ||
11. nyananipun para arum [aru...]
--- [f. 106r] ---
[...m] | Ki Menakjingga mring puri | pan sami padha singidan | manahe sadaya ajrih | Ki Damarwulan angucap | pan ingong wong Majapait ||
12. syarane manis tur arum | têka rêsêpakên ati | sênêning ajrih kalingan | gumantung sênêning pêkik | kadya murca kêdhèpêna | gumiwang sêmu nêlêhi ||
13. Ki Damarwulan amuwus | maring sakathahing putri | alah inggih sampun bubar | kawula dede narpati | sadaya para biyada | apan uwus bali maning ||
14. putri sadaya amuwus | dika katura nèng riki | lan punapa kang sinêdya | pinarêk anèng ing riki | sintên sinambat ing nama | pinarêk anèng ing riki ||
15. aran ingsun Damarsantun | dèn utus dening sang putri | kinèkèn[5] ingsun adhustha | wondene kang sun pandungi | dudu dunya dudu brana | murdanira sang narpati ||
16. bari para rabinipun | ingsun kinèn amboyongi | para garwa kabèh ngucap | dening têka kumawani | malinge wong Majalêngka | baguse anglêliwati ||
17. sami kasmaran andulu | sakathahe para rabi | padha sami suka bungah | ana atur burat wangi | ana kang ngaturi tigan | ana kêmbang surèngpati ||
36. Puh Nênang Lêlatêng[6]
--- [f. 106v] ---
[Ilustrasi]
1. kocapa Ki Menakjingga | bubar nginum wau malêbèng puri | anguwuh maring Si Dayun | kabèh wadonan ingwang | lah undangên dèn age yèn ingong rawuh | sakabèh konên amapag | matura yèn ingong prapti ||
2. Ki Menakjingga angucap | padha edan sakèhe bojo mami | pan ingong langgi[7] anginum | nora nana amapag | sok dhatênga Ratu Ayu Majalangu | sakèhe bojoku lawas | padha ingong gawe cèthi ||
3. lah dèn age malêbua | kêbatêna sakabèh garwa mami | matura yèn ingong rawuh | kon padhaa
--- [f. 107r] ---
[Ilustrasi]
abusana |[8] padha konên lalembeyan lêngkung-lêngkung | pun Dayun sigra lumampah | wus prapta ing jinêm wangi ||
4. Ki Dayun jomblong kewala | aningali dhatêng Ki Damarsasi | anulya matur pun Dayun | kabèh dika ngandikan | raka dika apan lagya wuru nginum | putri sadaya angucap | matura ana têtami ||
5. wong pundi têtamu dika | anauri iya wong Majapait | anulya mêdal pun Dayun | matur ing Menakjingga | rayi dika sami lênggana turipun | apan siwêg dhêdhayohan | tiyang saking Majapait ||
6. Ki Menakjingga angucap | dhayoh apa têka jujug pawèstri | apa istri apa jalu | Ki Dayun atur sêmbah | inggih jalu warnane anom abagus | sakèhe rayi
--- [f. 107v] ---
andika | padha sami gumatèni ||
7. Ki Menakjingga angucap | sira Dayun sun arani panyakit | pagene nora kosuduk | aran iku wong dhustha | sira Dayun alon anauri wuwus | ora gêlêm utang pêjah | têtêp bênêr ati eling ||
8. Ki Menakjingga bramatya | tandangira kalangkung gêgilani | Menakjingga angrik nguwuh | kagèt Ki Damarwulan | arsa sa mêdal ginubêl ing para arum |[9] Ki Damarwulan angucap | marang sagung para putri ||
9. mas ayu culêna ingwang | apan ingong duda[10] ing Majapait | kinèn nigas murdanipun | êndhase Menakjingga | para garwa alon dènira amuwus | inggih ta mangke rahadyan | nanging ta dèn ngati-ati ||
10. Radèn Damarwulan mojar | Menakjingga aling sarwi nudhingi | dening warnamu abagus | maling sapa ranira | lan wong pira golonganira lêlungguh | lan pira kamuktènira | baya sira bosên urip ||
11. Ki Damarwulan angucap | iya ingsun mantune ki apatih | pan ora duwe lêlungguh | dudu mantri ponggawa | sakathahe bala mantri Majalangu | tan ana [a...]
--- [f. 108r] ---
[...na] wani ing sira | mung aku sanggup matèni ||
12. Ki Menakjingga alatah | apa sira gawe matèni mami | pilihana ngarsa pungkur | kèri kalawan kanan | apan aku prajurit têguh atimbul | wêsi sajagat sadaya | nora pasah marang mami ||
13. pan kaya dudu wanodya | anggorohi Ratu ing Majapait | sun sidhêp mawongan tuhu | Ratu ing Majalêngka | baya wurung mara bari lêngkung-lêngku[11] | balik sira lumayua | tan wurung sira ngêmasi ||
14. Ki Damarwulan bramatya | tan darana nulya anarik kêris | asru dènira anuduk | Menakjingga tan pasah | nora kèngsêr awanti-wanti sinuduk | Ki Menakjingga alatah | awanti-wanti tinitir ||
15. Ki Damarwulan kewuhan | astanira nira malah dèn angluh sakit |[12] sinudukan saking ngayun | kèri kalawan kanan | akêkèjèk Ki Menakjingga gumuyu | asuka alatah-latah | pêgêl tyase Damarsasi ||
16. punggêl pucuking curiga | muwêr pêcah ukiran tunggak sêmi | astanira ngêmu marus | Menakjingga alatah | Damarwulan [Damar...]
--- [f. 108v] ---
[...wulan] jinogedan anèng ayun | mara-mara pilihana | anyuduka dèn ariri[13] ||
17. Ki Menakjingga angucap | pan mangkene baya rasane benjing | pêpanggile ratu ayu | dhêdhongklèk[14] Majalêngka | sêngkrang-sêngkrang ratu ayu aja garut | mênak punggêl kukunira | calêkat-calêkit jiwit ||
18. Ki Menakjingga jinambak | wau dening Rahadèn Damarsasi | dipun gorok gulunipun | Menakjiga alatah | aja nyêthot Ratu Ayu Majalangu | aja ngêlik-êlik jangga | akêri kang kalamênjing ||
19. dipun pêrang cangkêmira | nora pasah malah bêngkung kang kêris | Ki Menakjingga amuwus | sarwi gumuyu suka | anyawowo Ratu Ayu Majalangu | sira Radèn Damarwulan | pêgêl tyasira anangis ||
20. Ki Menakjingga angucap | gêmbèng têmên Ratu ing Majapait | pbaya[15] punggêl kukunipun | kêsêl jiwit agêblaga |[16] kêsêl gêblog agaruta kêrak-kêruk | kêsêl nyêthon[17] nyawowoa | marang ing lambeku kalih ||
21. Ki Sabda pan nèng lawang |[18] ikang lawang saking jêro kinunci | sakèh
--- [f. 109r] ---
wadya ora wêruh |
[Ilustrasi]
kasamur ing gamêlan | padha nayub syarane pating carêngkung | sira Dayun arsa mêdal | Nayagenggong angadhangi ||
22. Ki Sabdapalon angucap | payu Dayun aprang kalawan mami | pun Dayun alon amuwus | reyang rare aliman | têtêp bênêr ati eling awak ingsun | ênya kêrisku tinatah | lan uwang nêm suku iki ||
23. uwangku lah pilihana | lamon ana gêdhong prêkis sawiji | balèkêna marang ingsun | padha rare gampangan | upamane ginawe nêmpur ing besuk | tinampik lah balèkêna | padha
--- [f. 109v] ---
rare tanggoh mami ||
24. Ki Sabdapalon angucap | jaluk sêga luwe têmên sun iki | Si Dayun alon amuwus | reyang rare wêlasan | sigra ngambil sêga wauwa[19] satêtumbu |[20] ulam gêgorengan cangak | jangan pindhang rong kêwali ||
25. Ki Nayagenggong angucap | aja dêlêng mêngko ingong suduki | Ki Dayun alon amuwus | reyang bangun turutan | kadya pêrjak[21] Damarwulan polahipun | Sri Bopati Balangbangan | gumuyu abêlik-bêlik ||
26. kang para putri sadaya | sami ngintip dhatêng ikang ajurit | sakalangkung marmanipun | sasi kadi raina | Damarwulan alon dènira amuwus | lah Menakjingga malêsa | yèn sira tuhu prajurit ||
27. sang nata narik curiga | Menakjiga asru dènira angling | dèn prayatna sira lampus | Menakjingga narajang | sigra goco arame suduk-sinuduk | tan ana ingkang kasoran | sami prawirane kalih ||
28. sarêng campuh kang curiga | Menakjingga nyak talêmpêk aglis |[22] tinumbak Ki Damarsantun | nanging sira tan pasah | wus kalimpe nulya rinêbat kang lawung | winalês Ki Menakjingga | gumuyu sira tan busik ||
29. Menakjingga [Menakjing...]
--- [f. 110r] ---
[...ga] narik pêdhang | asru mêdhang marang Ki Damarsasi | wus rubuh Ki Damarsantun | ya ta luntak ludira | nora pasah nanging kalêngêr tan emut | nyananipun Menakjingga | Ki Damarwulan wus mati ||
30. Ki Menakjingga angucap | sira Dayun rêksanên têlik iki | apan iki uwus lampus | benjang enjang raina | ngong tigase dèn bêcik kang raksa Dayun | putri sadaya tumingal | awêlas waspane mijil ||
37. Mijil
1. Ki Menakjiga duka tan sipi | marang para wadon | ngêmpal-êmpul akèh pêpisuhe | dening ala kabèh sundêl anjing | iya benjing enjing | kabèh ingong bunuh ||
2. benjang raina sagunging putri | kang edan alamong | pasthi lamon sun tuwêki kabèh | Menakjiga wus eca kang ati | aniba ing kathil | kapati aturu ||
3. kang para putri pating kalêsik | ajrih kang kalakon | ana ingkang ngajak minggat bae | kang sawanèh awêwêkas dhingin | wanèh nangis ri ririh |[23] sambat rama ibu ||
4. ya ta ana wau putri kalih | ayune kinaot | nênggih Dèwi Waita namane | saking Japan angsale karihin | kang saking Walèri | Ni Puyêngan ayu ||
5. putri kalih
--- [f. 110v] ---
[Ilustrasi]
tan kêna sinandhing | dahat dènnya lumoh | ora sudi ing Menakjinggane | apan sang dya[24] dèn palaur mati | padha sinjang putih | samangsane lampus ||
6. wontên pêdhêkan sawiji angling | matur sang lir sinom | wau kawula ningali anggèr | sakalangkung wêlase ing ati | maling ingkang mati | soring nagasantun ||
7. kêkasihe gusti punang têlik | Damarwulan kang wong | kalangku[25] dening bagus rupane | sêsumbare wau dangajurit[26] | mantune ki patih | dèrèng apalungguh ||
8. putri kalih angling marang cèthi | ingsun arsa tinon | mênak wêruh ing Menakjinggane | dadi apa iya awak mami | pawongan tur bakti | Menakjingga turu ||
--- [f. 111r] ---
9. sampun lumampah sang putri kalih | pan sarwi amirong | dhasar kênya sang ayu warnane | sinjang seta abêborèh wangi | kadi widadari | karo gandrung-gandrung ||
10. akêkêmbênane jingga tinêpi |[27] tapih cindhe ijo | lir parada sang rara gêbyare | lêlèpène ya intên sarakit | gêbyare lir thathit | salira malêtuk ||
11. sira wau Radèn Damarsasi | nèng isor[28] kêkayon | ya ta kasilir samiranane | Ki Damarwulan nulya anglilir | mêgah[29] mutah gêtih | Damarwulan ngadhuh ||
12. Anjêsmara ariningsun yayi | wong kuning mancorong | ingsun yayi mati anèng kene | durung malês sihira mas yayi | sêlêk angêmasi | karia wong ayu ||
13. Dèwi Waita anulya prapti | ngarsane sang anom | gêpêh nyandhak asta kiwa age | Dèwi Puyêngan anulya prapti | nyandhak asta kèri | karo sami nungtun ||
14. Ki Sabdapalon eca aguling | lawan Nayagenggong | padha turu ing paregolane | lamon gustine mati tan uning | ngêloni kêwali | anyêngkêling irus ||
15. sira Dayun eca dènnya guling | anjêngking angorok | ora uning marang rêraksane | ora nyana Damarwulan urip | Radèn Damarsasi | wau kang tinungtun ||
16. radèn binakta
--- [f. 111v] ---
ing tilam wangi | dèn tungtun wong roro | Damarwulan kagagas wirange | dening mêntas kasoran ing jurit | Radèn Damarsasi | awaking pun pêsuh[30] ||
17. putri kalih marase kang ati | gupuh nyandhak bokor | pan kasusu banyu idu bae | sigra winêdhakakên tumuli | marase kang ati | mênak sêlêk lampus ||
18. Dèwi Waita maras kang ati | amamah sêdhah woh | sira radèn sinêmbur bathuke | Dèwi Waita sarwi japani | pan mangkana ugih | japane sang ayu ||
19. kaki Uma nini Yang Pramèsthi | angrasaya ingong | angrasados kang migêna kabèh | warasêna satriya kang sakit | cacing krêmi mati | mèsêm Damarsantun ||
20. Ki Damarwulan micara ngati | dipun suwuk ingong | dipun ulihakên lagya rare | Ki Damarwulan anulya linggih | rajaputri kalih | kasmaran andulu ||
[Ilustrasi]
--- [f. 112r] ---
[Ilustrasi]
38. Asmaradana
1. angling Radèn Damarsasi | wong ayu kadya punapa | ingong digawa marene | angucap Dèwi Waita | lawan Dèwi Puyêngan | eman matia wong bagus | rabine buri kelangan ||
2. dening rupane apêkik | apan kadi Kamajaya | suwanda kirang jajale | dening tarunge kasoran | sawunga wijil muhar | pêpêrêpe kurang sêru | baya dika kurang gabah ||
3. kêkaruha lawan mami | amatèni Menjingga |[31] sun watara nora suwe | wêsi ing jagat sadaya | nora nana tumama | yèn sisip pratikêlipun | yèn bênêr gampang kewala ||
4. mojar Sang Putri Walèri | mangsa ta silih arsaa | sêsanak lan wong kinubon | ingsun sanggup asung prênah | patine Menakjingga | dadi jail atiningsun | tur masa dèn upahana [u...]
--- [f. 112v] ---
[...pahana] ||
5. mèsêm Radèn Damarsasi | arum mijiling wacana | atma gusti jiwaningong | kang sawang rêtna pakaja | wêlasa ing kawula | kaya priye polah ingsun | amatèni Menakjingga ||
6. dening kalangkung asakti | wau duk aprang lan ingwang | ingsu goco latah bae | malah ingsun dikêkudang | tan wande ingong pêjah | karantênipun wong ayu | yèn asih aja kapalang ||
7. mas ayu dèn tulus asih | rinangkul Dèwi Waita | munggèng asa[32] têngên mangko | rinangkul ing asta kiwa | sira Dèwi Puyêngan | agênti kinusya wau | wuwuse amêlasarsa ||
8. lir ciptaka awak mami | nèng tawang aminta warsa | atma jiwaningsun karo | kadya canthuka pun kakang | anèng sajroning jurang | yèn mas ayu tulus mupu | prasasat minggah ing syarga ||
9. yèn Menakjingga ngêmasi | katawan ing astaniwang | marga sing mas ayu karo | rujitên kadi puspita | pun kakang tan langgana | dhumatêng sang liring santun | pun kakang kawulakêna ||
10. wong ayu dèn tulus asi[33] | kawula nêdha gêgaman | sa[34] putri sumaur karo | kudu jail asil apa | mangsa diupahana | kurang gawe kudu tutur | prênahe sanjata mulya ||
11. akèh ujaring [ujar...]
--- [f. 113r] ---
[...ing] wong sakit | lamon sampun mênang aprang | raganingsun lir bintaro | sapa sudia mupua | Dèwi Puyêngan mojar | durung karuwan ing besuk | gawe bêcik kala apa ||
12. Ki Damarwulan mangkya ling | wacanane pait kilang | Dèwi Waita ature | kakang kang kawula têdha | tunjung mêkar ing nala | raditya tan kêna surup | sêgara tan kêna asat ||
13. mèsêm Radèn Damarsasi | sêmune sampun anduga | tunjung mêkar ing nalane | têgêse nêdha asmara | sagara ora asat | apan sêmune sang ayu | ing benjing dipun êmonga ||
14. srêngenge tan kêna wêngi | sapisan tumêkèng pêjah | kaya mangkana sêmune | saloka tigang prakara | kumpul dados sanugal[35] | apa têgêse sang ayu | karone arsa mawongan ||
15. ikang maca banyol iki | nênggih sêmuning wanodya | kalih prakara kathahe | kang aran kusuma lena | lana[36] iku bêbathang | ingkang basah luwih arum | iya yèn wanodya korda ||
16. têgêse kusuma adi | iku kêmbang upamanya | awangi luwih gandane | iku atining wanodya |
--- [f. 113v] ---
yèn wangi kadi kêmbang | yèn adarbe manahipun | yèn adarbe banjir bathang ||
17. ana wong bakti alaki | ginawa wayuh ing priya | ingkang ajrih ing kakunge | apan ora munasika | têka minggu kewala | ngandhut kêmiri têtêlu | pan dadi awu sadaya ||
18. kang rada wani ing laki | ginawa wayuh ing priya | lagi dipun tari bae | sosote lir calapita | ikang lanang dipala | ingkang lanang rada kuru | dèn sêsuwèk wêwarasan ||
19. sampune apulang rasmi | angling Radèn Damarwulan | atma jiwaningsun karo | manawa sêlêk raina | gusti dadi punapa | lah tuduhêna wak ingsun | pêrnahe sanjata mulya ||
20. pangraose putri kalih | aningali Damarwulan | atisna[37] langkung wêlase | pangrasane ingkang manah | yèn pêjahe Damarwulan |[38] kaya pa milua lampus | saking trêsnane kang manah ||
21. Dèwi Waita mangkya ling | kang matèni Menakjingga | pan wêsi kuning wastane | punika dhingin tatiban | kang yogya ya matènana |[39] anging arupi pêpênthung | anèng kandhaga kancana ||
22. dinokon[40] luhure guling | mila kawula uninga | Ajar Pamênggêr wartine | punika
--- [f. 114r] ---
ingakên bapa | dening pun Menakjingga | tatkalane apitutur | mila kawula miyarsa ||
23. sakathahing para putri | datan wontên amiyarsa | natkalane pacalathon | amung kawula miyarsa | kalih Dèwi Puyêngan | sang putri karo amuwus | manira sagup[41] ngambila ||
24. nanging radèn atur mami | lamon dika mênang aprang | amukti jumênêng katong | sampun dika dodol gula | sampun lali kawula | Ki Damarwulan amuwus | ya kèh dènnya prasêtya |[42]|
25. angling rajaputri kalih | andika atêr rahadyan | mangke wula ambile |[43] apa ta sampun lumampah | Damarwulan nèng latar | sa putri kalih malêbu | mindhik-mindhik kadi dhustha ||
26. sirêp sagung para putri | apan ta kadi tinuba | Menakjingga eca ngorok | dènira turu ambathang | alindur[44] Menakjingga | Ratu Ayu Majalangu | ênyah dhadha garutana ||
27. putri kalih mindhik-mindhik | ne[45] luhure Menakjingga | sarirane dhêrodhog |[46] kadi sawung matarangan | ya polahe kang adhustha |[47] tan ana dharatan ketung | mung kacipta Damarwulan [Damarwu...]
--- [f. 114v] ---
[...lan] ||
28. wus kêna mêdal tumuli | aling Ni Dèwi Waita | ingsun kakang asal[48] gawe | mèsêm Radèn Damarwulan | sang putri karo ingaras |[49] kandhaga binuka sampun | murub kang pêpênthung waja ||
29. Dèwi Waita mangkya ling | yèn mangke dika aprang |[50] dika gitika pilingane |[51] Menakjingga ingkang kiwa | pasthi lamon palastra | sapunika pajaripun | Ajar Pamêgêr[52] ing kina ||
30. mungpung Menakjingga guling | dawêg radèn pinaranan | dika gitik pilingane | mojar Radèn Damarwulan | dudu prajurit nyata | amatèni wong aturu | yèn ajrih angur mundura ||
39. Durma
[Ilustrasi]
1. alon mejar[53] sira Radèn Damarwulan | sira dangdana yayi | sok sing
--- [f. 115r] ---
[Ilustrasi]
kacangkinga | murdane Menakjingga | pan sira sun gawa dhingin | dalu kewala | marang ing Majapait ||
2. langkung bungah sang dya kalih manahira | sampun adangdan kalih | Radèn Damarwulan | marang ing paregolan | Ki Sabdapalon kapanggih | lan Nayagonggong[54] |[55] angêloni kêwali ||
3. ya ta lindur Ki Sabdapalon angomyang | jênang bêkatul inthil | êmplèk lêlintingan | angkêp-angkêpe pisan | dilèr tampah suru upih | barênga mara | gula lan santên kêkanin[56] |[57]|
4. wus dhinupak Ki Sabdapalon anjola | radèn amuwus aris | paman diakêbat | gugahên Menakjingga | mêngko yèn uwus atangi | lah lumayua [lu...]
--- [f. 115v] ---
[...mayua] | ingsun dhèwèk ngêmbari ||
5. Sêbdapalon gupuh nulya cêcawêtan | watu itêm sinunggi | umpaking jambangan | malêbu pasareyan | Menakjingga maksih guling | dèn balang sela | jajane diantêbi ||
6. lir galêpung watu itêm tiba jaja | Menakjiga tan busik | anglindur kewala | sira Ki Menakjiga | Ratu Ayu Majapait | lamon rudita | sok jaja digalbogi[58] ||
7. Nayagenggong sigra gawa alu mara | dhêdhêngkule dèn gitik | alu lir galêpang | anglindur Menakjingga | Ratu Ayu Majapait | lamon rudita | dhêdhêngkul dicêthoti ||
8. Sêbdapalon sigra manggul êncèh gêdhah | kang isi arak api | dèn sokakên sigra | marang wadananira | Menakjingga nulya lilir | agulagêpan | anggêbrès sarya wahin[59] ||
9. turu maning Ki Menakjingga angomyang | gawok têmên kang ati | Ratu Majalêngka | lêngkung-lêngkung yèn duka | sok cangkêm dipun uyuhi | uyuh utama | suwe-suwe ngêndêmi ||
10. Sêbdapalon sigra amanggul badhiyang | marong wangwane dadi | sigra ingantêban | murdane Menakjingga | dadya rambute kobar-bir | murub mêngangah | Menakjingga atangi ||
11. Sêbdapalon Nayagenggong [Naya...]
--- [f. 116r] ---
[...genggong] wus malêmpat | lumayu tiba tangi | kagèt Menakjingga | aningali kandhaga | kang aisi wêsi kuning | pan ora nana | bramatyane tan sipi ||
12. sakalangkung bramatyanira sang nata | sakèhe para rabi | ana jinêjêkan | ana kang dipun dhupak | ana kang dipun tampiling | sarya angucap | duwèkku anang ngêndi ||
13. Damarwulan sumbar-sumbar anèng latar | pan ingsun ora mati | payu Menakjingga | yèn prajurit mêtua | padha atandhing kawanin | kagèt miyarsa | pêdhange dipun tarik ||
14. tan antara Ki Menakjingga narajang | pinêdhang Damarsasi | apan ora pasah | Damarwulan angucap | tumungkula ing pratiwi | nênga akasa | sambata kang ayogi ||
15. wus pinasthi tibane antakanira | iya sawêngi mangkin | Radèn Damarwulan | sigra nuli narajang | Ki Menakjingga tininggil | pilingan kiwa | aniba angêmasi ||
16. Menakjingga upamane wêsi abang | siniram dening wari | atêmah murcita | tan kongsi amalêsa | ludirane andrês mijil | pan sumamburat | gumuling anèng siti ||
17. Sabdapalon abaksa sarwi ambapang | baya eca kang ati | kinthol Menakjingga | gène pulang asmara | lawan Ratu Majapait | êndhase [êndhas...]
--- [f. 116v] ---
[Ilustrasi]
[...e] pêcah | baya dipun idoni ||
18. wus tinigas murdane Ki Menakjingga | dening Ki Damarsasi | dinalah[60] kêndhaga | sakèhe garwanira | sadaya dipun timbali | dening rahadyan | wong anom ayu ramping ||
40. Sinom
1. mojar Radèn Damarwulan | sakèhe putri tinari | sapa kang milu palastra | kang asih aduwe laki | yaktine sun patèni | mojar sagung para arum | boya kudu abela | kaboyonga sun lakoni | sukur sèwu Menakjingga yèn matia ||
2. sakathahe para garwa | samya nauri punagih | ana kaul buwang reyal | ana kaul nyêbar picis | ana kaul anjingking | ana kang kaul macucu | ana kaul wêwuda | ananging gone kang sêsêpi [sê...]
--- [f. 117r] ---
[Ilustrasi]
[...sêpi] |[61] kang sawanèh ana kaul ngura-ura ||
3. Dèwi Waita angucap | yèn mênggêha awak mami | wus kênang pulang asmara | wus konjara dadi rabi | yèn Menakjingga mati | jamake milua lampus | yèn mungguh Ni Waita | asih marang Damarsasi | lalu kêndhat lumuh maring Menakjingga ||
4. upamane awak ingwang | yèn mati Ki Damarsasi | pasthi ingsun milu pêjah | mojar sagung para putri | sakarsane mastani | apan larês[62] radèn ayu | ngadhang kucah andika | nadyan ing apulang rasmi | pan narima kêkabaripun kewala ||
5. Dèwi Waita ariyak | wuwuse anyalawadi | dening ingsun wus alama | ingarah apulang rasmi | ing Menakjingga baring | pan ingsun palaur lampus | angling Dèwi Puyêngan [Pu...]
--- [f. 117v] ---
[...yêngan] | padha wong dêlap aurip | lalu pêjah lumuh marang asu abang ||
6. Rinangkul Dèwi Puyêngan | marang Radèn Damarsasi | atma gustine si kakang | kang asih aduwe laki | marmaningsun aurip | saking sira radèn ayu | baya mas ayu sira | dinus ing guna piranti | baya sira mirah kang munggèng kumuda ||
7. ya ta Ni Dèwi Waita | anggèndèng saking ing wuri | kakang kula kari apa | mèsêm Radèn Damarsasi | iya maningan iki | gustine pun Damarsantun | kang asawang komala | kuninge anêmu giring | suka dolên si kakang dhatêng langgana ||
8. rinangkul Dèwi Waita | dening Radèn Damarsasi | agênti pinriyêmbada | sakathahe para putri | sami lingsêm ningali | ana kang lungguh tumungkul | ana sandi anginang | ana sandi kênang êri | kang sawanèh ana kang idu angiwa ||
9. awayah bangun raina | angling Radèn Damarsasi | sakèhe putri karia | dening benjang sun balèni | ora mêmêkas mami | dèn bisa sira nalimur | sakèh wong Balangbangan | padha kilapana yayi | aja wikan yèn Menakjingga pralaya ||
10. datan kawarna samana | Ki Damar wus mulih |[63] amung Ni Dèwi Waita | kalawan Putri Walèri | ingkang binakta [bina...]
--- [f. 118r] ---
[...kta] dhingin | Sabdapalon anèng ngayun | sarwi mundhi kandhaga | isi murdaning prajurit | ora kandhêg lampahe Ki Damarwulan ||
11. apa ta sampun raina | uwus manjing ing wanadri | lampahe Ki Damarwulan | tan kandhêg dènnya lumaris | sakèhe para putri | sadaya sami mituhu | padha nabuh gamêlan | sakathahe para putri | pan anamur pêjahe Ki Menakjingga ||
12. andarung Ki Damarwulan | ngambah têngahing wanadri | Ki Nayagenggong nèng wuntat | sarwi kandhaga pinundhi | sayah arsa anangis | Ki Nayagenggong amuwus | pae gawa jawadah[64] | yèn sayah kêna binukti | gawa êndhas diwade mangsa payua ||
13. Ki Sabdapalon angucap | dibêcik sira anyugi[65] | yèn ora gumati sira | iku uga nyokot kuping | Nayagenggong awêdi | binuwang bari lumayu | sapa gêlêma gawa | yèn sisip anyokot kuping | Sabdapalon nudhingi sarwi angucap ||
14. upama ora kon gawa | iku uga gubêd sikil | nyokoti dhêdhêngkulira | Ki Nayagenggong anangis | ewuh têmên kang ati | anulya acucul sabuk | kandhaga wus ingêmban |
--- [f. 118v] ---
[Ilustrasi]
ngucape awor tangis |[66] inggih dawêg ki mastaka kula êmban ||
15. kocapa Ki Layangsetra | kalawan Layangkumitir | anang satêngahing wana | sagêgaman saturanggi | balane kang sinêlir | awatara patang puluh | sangang puluh kang dharat | masanggrahan ing wanadri | sabalane yèn bukti sami rêrayah ||
16. kagèt Radèn Layangsetra | kalawan Layangkumitir | aningali Damarwulan | sarya ngiringakên putri | apa ta nora pangling | sigra pinaranan gupuh | sampun linggih satata | kinêpung Ki Damarsasi | balanira apan sarwi winangsitan ||
17. ya ta Radèn Damarwulan | kalawan Layangkumitir | sami rangkul Damarwulan [Damar...]
--- [f. 119r] ---
[Ilustrasi]
[...wulan] | mojar Ki Layangkumitir | punapa angsal kardi | rèh dika adhi ingutus | mojar Ki Damarwulan | saking barkating narpati | inggih angsal rahadèn lampah kawula ||
18. murdane Ki Menakjingga | punika sampun kacangking | munggèng kandhaga kancana | mojar Ki Layangkumitir | nênggih pawèstri kalih | kaprênah punapanipun | marang pun Menakjingga | mojar Radèn Damarsasi | pan kagarwa nanging dèrèng pagêpokan ||
19. angucap Ki Layangsetra | kalawan Layangkumitir | pawèstri kalih punika | kawula gawa karihin | amrih gangsar ing margi | tinunggangakên ing tandhu | samar wontên ing marga | asae sami ingiring | tan langgana rahadyan punapa karsa ||
20. sang putri wus ingapusan | anitih tandhu karihin | awatara [a...]
--- [f. 119v] ---
[...watara] saonjotan | Ki Layangsetra ngêbyoki | lawan Layangkumitir | wus cinêkêl Damarsantun | mojar Ki Damarwulan | ora dosa awak mami | Layangsetra angucap sira asraha ||
21. angucap Ki Damarwulan | iya asrah pati urip | ing dewa lawan bathara | ing siyang kalawan latri | yèn maring sira ugih | pasthi isun era[67] asung | sami narik curiga | Setra kalawan Kumitir | sarêng goco tinitir tinimbal-timbal ||
22. malah punggêl sami pêcah | malero kalih kang kêris | wulu salamba tan pasah | angucap Layangkumitir | Ki Layangsetra angling | ujarmu tega ing lampus | dumèh apa tan lila | ing dewa bathara luwih | apan ingsun kinarya marga jalaran ||
23. ya ta Radèn Damarwulan | alon sira muwus aris | kasusu tanpa[68] ganjaran | kang arsa arabi putri | sakèhing tapa iki | wus kalakon dening ingsun | kang durung kalampahan | atapa pucuking kêris | lah ta mara sun japa pucuking braja ||
24. ingungalakên jajanya | iya uwis asrah
--- [f. 120r] ---
mami | ing dewa lawan bathara | sira kang dadia margi | ingsun ingkang lampahi | anulya sarêng anuduk | pasah ludira mubyar | kalesedan anèng siti | kang sinambat amung Dèwi Anjêsmara ||
25. yayi mas sira karia | kawula amit ngêmasi | aja atakèn pun kakang | witning manira ta yayi | langkung mandhêg tumolih | dening ta pasihanamu | pan durung kawalêsan | pun kakang sêlêk ngêmasi | lah kantuna pun kakang amit ing sira ||
26. Damarwulan kudhangdhangan | kapisêlêk mutah gêtih | mêgah sambat Anjêsmara | paran polahira yayi | sun têdha dewa luwih | iya ing satilar ingsun | gusti sira kramaa | kang bagus sabar ing budi | ing sasami padhanira wong santana ||
27. Ki Sabdapalon punika | karo mati dèn gitiki | Ki Damarwulan wus niba | lêga tyase radèn kalih | dening tumêka pati | sira wau Damarsantun | sira Ki Layangsetra | miwah Ki Layangkumitir | Damarwulan kunarpane gilang-gilang ||
28. Ki Sêbdapalon punika | karo padha ditalèni | binuwang jro sumur mangko |[69] kang anèng soring waringin | layone Damarsasi |
--- [f. 120v] ---
radèn kalih bubar mantuk | lunga mawarta suta[70] | sadalan dènnya sêsirig | murdanira Ki Menakjingga binakta ||
29. kocapa ana wong tapa | kalangkung dènira sakti | anênggih kêkasihira | aran Ajar Tunggulmanik | pratapanira singgih | sukuning gunung Mamèru | langkung dening kawasa | tau nguripi wong mati | sapolahe kaya wong yuda kênaka ||
[Ilustrasi]
41. Pangkur
1. kacatur darbe atmaja | wau sira Ki Ajar Tunggulmanik | atmaja angsal mêmupu | sami rare nênêka | tan karuwan tambang paranteyanipun [paranteya...]
--- [f. 121r] ---
[...nipun] | umur kalih wêlas warsa | pinupu kawêlasasi ||
2. kêkalih atmajanira | jalêr èstri apan sami linuwih | Ni Tanpauni satuhu | jatinipun kusuma | ikang lanang Tanpauna wastanipun | sami wijiling kusuma | Sa Kamajaya lan Rati ||
3. ki ajar pan ora kilap | lamon ratu ika asale dhingin | nênggih asale karuhun | ratu sing Pajajaran | kacarita ing kina seda linabuh | lawan garwane sanunggal | munggèh ing konjara wêsi ||
4. siyang dalu abêbana | mring ki ajar ature amlasasi | Radèn Tanpauna muwus | bapa nganti punapa | awak ingwang age jumênênga[71] ratu | karasa lagya ing kuna | manira nalendra luwih ||
5. Ajar Tugulmanik[72] mojar | iya sira gusti ingong turuti | ing kene ana wong lampus | anging durung palastra | akêkasih Ki Damarwulan abagus | iku sira panjingana | dadi pêpakuning bumi ||
6. sasampunira winêjang | nulya sira wau alabuh gêni | ingu[73] raosêna kalbu | iku ingkang palastra | sapa ikang amukti wibawa besuk | warnane sira rahadyan | kadi ta êmas sinangling ||
7. upamane sira radyan [ra...]
--- [f. 121v] ---
[...dyan] | kadi kapuk tumiba anèng wari | karsaning bathara luhung | tan asamar ing tita[74] | upamane lir êmas katiban sêpuh | gupuh anungkêmi pada | Dèwi Tanpauni nangis ||
8. dhuh bapa kawula ajar | sampun kari maring panutan mami | ketang duk kala karuhun | amukti awibawa | angrèh jagat amongmonga para maru | ya ta gumuyu asuka | Kyai Ajar Tunggulmanik ||
9. iya ngong turuti sira | aja samar marga ikang abêcik | ya i kene ana ratu | kuthane Majalêngka | akêkasih Ratu Mas Kancanawungu | iku sira panjingana | tur kênya durung akrami ||
10. sasampunira winêjang | kusuma yu nulya malêbu gêni | karsaning bathara luhung | ora nana kang wikan | pralambine lir êmas katiban sêpuh | apa ingkang sinêpuhan | punapa ingkang nêpuhi[75] ||
11. milanipun kalampahan | ana putra pêpagih[76] lawan putri | parandene ora tulus | atêmah pêpêgatan | nuli krama anaking nistha kalangkung | têka tumêdhak ping sanga | barkate tunggal panitis ||
12. karane kang ora wikan | radèn ayu dhingin adol banyênyik[77] | mangka dirabèn ing ratu | dadi pangdangming[78] utama |[79] kinaryanan aparentah [apa...]
--- [f. 122r] ---
[...rentah] para arum | ujare kang sampun wikan | tunggal titah wus pinasthi ||
13. mudhun saking ing aldaka | sira wau Ki Ajar Tugulmanik | ingiring prahara lisus | udane mancawura | kawarnaa kang anang sajroning sumur | Ki Sabdapalon samana | lir kodhok anang i wari ||
14. kadi kintêl asomahan | Nayagenggong Sabdapalo[80] nèng wari | apan sami dèn talikung | atangi nora bisa | padha nangis sambat jênang lan bêkatul | dewa êntasên kawula | manira nêdha gulali ||
42. Dhandhanggula
1. ya ta prata[81] Ajar Tunggulmanik | ing prênahe kang anandhang brana | Ki Damarwulan ragane | ajar mangkya andulu | ir[82] warnane kang nandhang kanin | bagus Ki Damarwulan | cayane umancur | lir sasi katrangan mega | taha mèsêm warnane kang nandhang kanin | munggèng sandhaping gorda ||
2. mèsêm mojar Ajar Tunggulmanik | apa dosane ingkang palastra | dening ajêro tatune | mandah duk uripipun | em têmên anandhang kanin |[83] pantês dadi nalendra | ing wataraningsun | baya ta durung palastra | duk dinumuk jajane [ja...]
--- [f. 122v] ---
[Ilustrasi]
[...jane] kang nandhang kanin | tilas kadhohan lara ||
3. eman têmên wong bagus ngêmasi | kaya anyar tilase palastra | maksih têlês ludirane | nanging wataraningsun | durung mati satriya iki | anulya ginarayang | wau jajanipun | prênahe kadhohan lara | panyiptane anang kêkulunging ati | lapak sangêting lara ||
4. langkung awlas ki ajar ningali | marang wau kang anyandhang brana | eman kalangkung trêsnane | anglilira kang lampus | lawan pakoning dewa luwih | nyawa
--- [f. 123r] ---
wa sira tangia |[84] tan osik kang lampus | maksih amujung kewala | kae ajar gumujêng atutup lathi | alon mijiling sabda ||
5. angandika Ajar Tugulmanik | atangia nyawa putuniwang | lawan pakoningsun dhèwèk | lembon tênmên[85] aturu | nulya lilir Ki Damarsasi | tatunipun walulya[86] | sumungkêm ing suku | Ki Damarwulan karuna | pan ki ajar mèsêm sajêroning ati | arum mijiling sabda ||
6. aja nangis putuningsun kaki | satriya iku lamon karuna | pasthi gêtas bêbalunge | amoh ing kulitipun | mila sira anandhang kanin | mara sira pajara | Damarwulan matur | tinutur sapolahira | ya ta mèsêm Kai Ajar Tunggulmanik | arum mijil wêcana ||
7. aja sira tutur wus udani | wêlas têmên ingsun marang sira | wong ora desa[87] pinatèn | pan sampun jamakipun | witning mukti marganing pati | têka ing lara lapa | kaki putraningsun | wong arsa jumênêng nata | karantêne bekanira dhingin prapti | nanging nora ngapaa ||
8. wus pinasthi putuningsun kaki | saking karsaning dewa bathara ra |[88] dadi ratu sira têmbe | anang ing Majalangu | pan aknyakra[89] kusuma adi |
--- [f. 123v] ---
pilih kang kaya sira | ya turun-tumurun | wus sira radèn muliha | dèn akêbat maring kitha Majapait | matur Ki Damarwulan ||
9. nanging kawula langgana mulih | pêjah gêsang tumut ing ki ajar | ki ajar alon wuwuse | sira turuta ingsun | kang atapa anyungku[90] bumi | kapengin kaya sira | pan dadia ratu | pan iku wêkasing lampah | sira iku wus dadi sira bakali | mundur mêrangi tatal ||
10. lah turutên ujar ingsun kaki | iya sira rahadèn muliha | Ki Damarwulan ature | kawula darbe batur | kadi tumut dipun pêjahi | wikane gèn ambuwang | ki ajar gumuyu | ki ajar tumulya mulat | anèng sumur wong roro padha rêrintih | sami arêrangkulan ||
11. Sabdapalon langkung kawlasasi | angrêrintih anèng jroning toya | wong roro kinanthèt bae | cangkêm kêbêk ding[91] banyu | Nayagenggong sarya kapesing | taine kurambangan | êbêk anang janggut | Ki Sabdapalon angucap | Nayagenggong bok aja sira angising | silitmu sumpêlana ||
12. janggut ingwang lêlothod ing tai | Nayagenggong iku lerobana | aja kongsi maring lambe | Nayagenggong [Naya...]
--- [f. 124r] ---
[...genggong] amuwus | najan kêna dipun lerobi | kapriye gènnya buwang | Sabdapalon muwus | êmutên ing cangkêmira | bula aku iya ingkang duwe tai | ora soktah[92] ambunya ||
13. Sabdapalon alara anangis | Nayagenggong ngambu pung kewala | pating salênggruk tangise | sami pating kacêbur | anèng toya tiyang kêkalih | amêntas nora bisa | Sabdapalon muwus | dewa êntasên manira | yèn wus mêntas wèhana bakatul inthil | pathi kalawan kinca ||
14. Ki Sabdapalon mulat ing nginggil | pan adulu lamon ana jalma | sinapa aris ujare | sapa sintên puniku | apa dewa kang awèh inthil | yèn wêlas ing manira | age nêdha tulung | tan bêtah anang ing toya | pan ki ajar wuwuse arum amanis | ingsun pan dudu dewa ||
15. iya ingsun Ajar Tunggulmanik | wêlas têmên ingsun marang sira | wong ora dosa pinatèn | sira anang jro sumur | arêp mêntas ta sira kaki | Sabdapalon angucap [anguca...]
--- [f. 124v] ---
[Ilustrasi]
[...p] | inggih sakalangkung | ki ajar anyipta andha | munggèng sumur wong roro sami ningali | amêntas rêrêbutan ||
16. padha nangis karo anungkêmi | kai ajar alon angandika | adhuh putuningsun karo | Sêbdapalon amuwus | gusti kula dipun pêjahi | ki ajar angandika | sarwi apitudhuh[93] | kaki ika gustinira | wus waluya saking bathara kang êning | mugèng sandhaping gorda ||
17. Sabdapalon sarêng aningali | ing gustine pan pinalajêngan | sami nungkêmi wong roro | dhuh anggèr gustiningsun | bontên nyana andika urip | sun sidhêp wus palastra | dalah ajur mumur | Ki Damarwulan angucap | saking barkating eyang sang maha yakti | iku kang awèh gêsang ||
18. angandika
--- [f. 125r] ---
[Ilustrasi]
Ajar Tunggulmanik | wus karia sun amit ing sira | nanging dipun pênêd radèn | radyan nulya wotsantun | kai ajar nulya lumaris | mantuk maring patapan | Gunung Mahamèru | ya ta Radèn Damarwulan | arsa mantuk dhumatêng ing Majapait | maju mundur kang manah ||
43. Durma
1. angandika sira Radèn Damarwulan | ingsun tan sae mulih | payu bali paman | marang ing Prabaliga | amboyong putri kang kari | nuli katura | marang Sang Prabu Èstri ||
2. ora wande sira yayi Anjêsmara [A...]
--- [f. 125v] ---
[...njêsmara] | atakèn maring mami | jaluk kang sal-asal | yèn ingsun tan angsala | pasthi awirang aurip | payu ta paman | angambil putri malih ||
3. mandahane tangise Ni Anjêsmara | ingsun kawêrta mati | sun têdha ing dewa | aja kongsi abela | pun kakang nora ngêmasi | mung bocah ika | kang gèndèng-gèndèng ati ||
4. ya ta sigra rahadyan sampun lumampah | tan kawarna ing margi | prapta Prabalingga | sakèhe wong bang wetan | prasamya atakon warti | tan ana wikan | yèn Menakjingga mati ||
5. sakathahe kang pramèsyari sadaya | sami bisa nasabi | rame têtabuhan | ing lêbêt bêbêdhahan | lawang agêng dipun kunci | nyananing bala | Menakjingga don rasmi ||
6. sampun prapta sira Radèn Damarwulan | ing ngarsane ki patih | amiyak gêgaman | nyanane wong akathah | arsa malêbu pakathik | marang ki patyah | tan wruh yèn ambayani ||
7. angandika Ki Apatih Angkatbuta | lah iki yang wong ngêndi | angadêg ing ngarsa | ingong lagi sineba | mojar Radèn Damarsasi | wong Majalêngka | ingutus ing narpati ||
8. apan ingsun kinèn nigas [niga...]
--- [f. 126r] ---
[...s] murdanira | bari kinèn boyongi | mring putri sadaya | rabine Menakjingga | bramatya rêkyana patih | anarik pêdhang | alok kalêbon têlik ||
9. kinêmbulan sira Radèn Damarwulan | dening para prajurit | ana kang amêdhang | ana ingkang anumbak | ana nyundrikana lêmbing | lir pendah gêrah | dèn canggah ora kêni ||
10. tandangira rahadèn lir saradulah[94] | pangamuke ngajrihi | sing kaparag bubar | Ki Apatih Kotbuta | ginitik nuli ngêmasi | pating sulayah | karo patih wus mati ||
11. kadya murub wau kang pêpênthung waja | anèng asta kumitir | singa mara pêjah | sami êndhase sigar | sing kasampe tigas pacing | bubar kabrasat | mawur para dipati ||
12. wus tinigas murdane Patih Kotbuta | sami dipun kanthèti | lan Ki Angkatbuta | wangke susun atembak | Sabdapalon angrayangi[95] | kêris lan pêdhang | calana lan kulambi ||
13. Nayagenggong rêrayah dodot lan kopyah | sakèhe kang wus mati | sarwi amakanjar | abaksa jêjingklakan | wus larut punggawa mantri | bubar sadaya | malajêng rêbut dhingin ||
14. Sabdapalon gupuh sira gawa wangwa |
--- [f. 126v] ---
pasanggrahan dibasmi | muntab punang brama | lisus agung limbungan | dinulu api lir ukir[96] | pating balêdhag | kasêrot dening angin ||
15. kadya mina saega[97] kalêbon tuba | singa mangsêh ngêmasi | wor kukus limêngan | lumayu rêbut paran | tan ana wani apulih | pating balêsar | ana gumbênge kari ||
16. salokane sira Radèn Damarwulan | nistha maja[98] utami | dening nisthanira | ora angadu bala | madyane mênang ajurit | utamanira | dening amboyong putri ||
17. ya ta ana mantri lagi mêmadatan | katunjang dening api | jimat bêbrêkatan | waos dhuhung tinilar | lumayu akonthal-kanthil | amung padudan | lênga sumbu tan kari ||
18. ya ta ana sikêp desa arêp mangan | lagi angêruk intip | jêlbos[99] tanganira | iku pênthile growah | sêlêk katunjang ing api | sigra lumajar | kilatbau pêpêndhil ||
19. pan lumayu kinipatakên tan kêna | pêgêl atine nangis | lara kênang wingka | eman dipun pêcaha | sêsambate andrês mili | lah tulungana | Si Nala arêp mati ||
20. baturira sawiji ikang angucap | sira gêcêka aglis | sumaur
--- [f. 127r] ---
karuna | yèn kêkêndhilku pêcah | aku pinancal ing rabi | pêndhilku wasa[100] | sajêge ora ngintip ||
21. sigra mara Ki Wangsa anggawa gobang | ginêcêk kang kêkêndhil | Ki Nala anjola | Singawangsa angucap | besuk atukua maning | mring pêkalangan | yèn wus kêrta nêgari ||
22. ya ta ana kang karakêt Menakjingga | iku lurahing maling | Ki Marawas tanya | lumayu kojengkangan | tangginas dipun cêgati | i Nayagenggong |[101] diêpok dibêkêmi ||
23. Sabdapalon marani bari thêthikrang[102] | pundhak pinancad siji | kiye êwong apa | lumayu bari baksa | pundhake dipun uyuhi | Ki Mara ika | gêro-gêro anangis ||
24. kawarnaa sira Radèn Damarwulan | sampun malêbèng puri | kitha Prabalingga | sakèhe para garwa | Ki Menakjingga kang mati | tarap ing latar | sami bungah tan sipih ||
25. pan sadaya para putri sami dangdan | sêdya mring Majapait | wong ing Balangbangan | wus anungkul sadaya | marang Radèn Damarsasi | atur bongkokan | sadaya wus kinanthi ||
--- [f. 127v] ---
[Ilustrasi]
44. Kinanthi
1. busêkan wong dalêm agung | ikang dadan tandhu joli | garêbong lawan jampana | rinobyongan cindhe wilis | anarobyong cindhe abang | sawanèh mandhala giri ||
2. para nyai dangdan sampunan |[103] sadaya kalambi putih | ana kang ngêmban lêlancang | padhaharan lawan kêndhi | paidon tan kêna têbah | tandhu joli sampun mijil ||
3. miyosi kutha adulur | iya ingkang nitih joli | iku Ni Rêtna Cêmpaka | apan pinayungan kuning | nganggo lêleregan sutra | ingampyag ing para nyai ||
4. ingapit lawan panurung | wau Ni Rêtna Widuri | anitih tandhu nênagan | rinobyongan cindhe wilis | pinayungan pêparadan |
--- [f. 128r] ---
[Ilustrasi]
waos mamas ajajari ||
5. Rêtna Wrasari nèng pungkur | anitih jolang raspati | lêleregan sutra jingga | waos sulam ajajari | payung ijo pinêrada | lancang paidon angapit ||
6. Rêtna Kênanga nèng ngayun | waos ponthang anjajari | nitih tandhu gêgêrudhan | leregan sutra Majêthi | songsong wungu winarada[104] | jajar lan Rêtna Wiyati ||
7. anitih garêbong ugul | waos binang anjajari | para nyaine kumêrab | êmban inya lawan cèthi | gêguyon sadalan-dalan | wantuning wong dalêm puri ||
8. ingkang lumampah karuhun | bongkokan waos lan bêdhil | pêdhang lêmbing lawan panah | sadaya dipun bongkoki [bong...]
--- [f. 128v] ---
[...koki] | dunyane Ki Menakjingga | adulur dipun gotongi ||
9. yèn tinon kadi kêkupu | songsong adulur lumaris | gamêlan tinabuh raras | wau i saurut margi | Sabdapalon anèng wuntat | anitihi kuda gêring ||
10. panganggonira barêndung | sikil disarung kakèni | undur ngruk anganggo cabang | kutang dirangkêpi roti | nunggang jaran lênggak-lênggak | sêmbari mangku pêpêndhil ||
11. Ki Nayagènggèng[105] nèng pungkur | tinandhu geyong lumaris | sambari mangku dhêdhulang | isi ampyang lan gêlali | pinikul bari mêmangan | ngêjak lèrèn lamon ngising ||
12. sadaya wus sami tumut | agêng alit sami ngiring | wau Radèn Damarwulan | titihane kapal tèji | apan sarwi pinayungan | ngiringakên para putri ||
13. Ni Anjêsmara winuwus | pan sampun miyarsa warti | yèn kang raka sampun pêjah | kasoran gènira jurit | anèng nagri Prabalingga | tangise kaya sun tari ||
14. ora etang rama ibu | lumayu manjing wanadri | sadalan-dalan karuna | sêsambate amlasasi | sêdya dhatêng Prabalingga | angluruh layoning laki ||
--- [f. 129r] ---
[Ilustrasi]
15. sêsambate amlasayun | ora nyana ora ngimpi | kakang Radèn Damarwulan | tega tilar marang mami | ngêndi gone kunarpanya | aku dhèwèk kêkaponi ||
16. janur kuning awak ingsun | sun pupus kawêlasasi | dodol gula dika kakang | aja lali maring mami | ombak agung ing tunjung bang | galang-golong wong kêkalih ||
17. upamane awak ingsun | lir êwoh bintaro kèli | sapa sudi amupua | kang amupu mung sawiji | têmahan oli[106] palastra | dhuh kang êmas milu mati ||
18. kang soka padapa wungu | kakang êmas jênang siti | sapa ingsun alam-alam | lêbur luluh aja kari | baya ingsu gudhe pandhak | wong papa dêlap aurip ||
19. tan etang galagah rayung | anusup kêkuwut iri[107] | anasak ing alang-alang | awak ajur kênang êri | sinjange pating sarêmpal | saprandene tan tinolih ||
20. aniba tangi sang ayu | ketang êntènana [êntèna...]
--- [f. 129v] ---
[...na] mami | sarwi mala-mala jaja | sêsambate amlasasi | baya iki sira panas | tan darman aduwe laki ||
21. sun kêkêmbang awak ingsun | sêkar satêngahing êri | sapa sudi amupua | kang amupu sampun mati | mêrak muni asauran | kaya pangundanging laki ||
22. lampahe sangsaya darung | anang satêngah wanadri | sira Dèwi Anjêsmara | salirane dilabuhi | iki sira nganti apa | durung nusul milu mati ||
23. upamane awak ingsun | yèn sêkar argulo putih | anang satêngahing rawa | ora nana kang langèni | amung kangmas Damarwulan | palangan mati ajurit ||
24. jambe nom bangbangan tanggung | dening gêgêle kang ati | dèrèng mukti awibawa | ora kêna sun warahi | ujar ingsun silih apa | kudu milu magut jurit ||
25. sukune pati[108] palêpuh | sêngkang runtuh tan tinolih | rema êbêk pêpulutan | anyêrang ri bandhil sisir | cêgêrèrèt[109] asauran | paksi puthut muni nginggil ||
26. gêdêring paksi sumawur | awurahan mencok ngigil[110] | cakêt têpining pêgagan | êmbuh rasane kang ati | kokila mencok [menco...]
--- [f. 130r] ---
[...k] anèng pang | gêgombol dêrêgêm muni ||
27. sêsambate kadya pulung | lir ciptaka minta ris |[111] toya banjir ing samudra | agawe êrobing ati | baya ingsun gudhe pandhak | wong papa dêlap aurip ||
28. wowohan mindha kilayu | juwête kang awèh urip | duwêt alit rêrentengan | tan kêna sun kilayoni | sêkar jinah ing wardaya | tan kêna sun dingalêmi ||
29. sêmut abang kang wêwungkus | arang-arang apêpanggih | balingbing awoh widara | durung carêm kula laki | sêkar pisang dika kang |[112] gumatung[113] anang ing ati ||
30. kêmbu dawa awak ingsun | wuwuh trêsnane kang ati | wohing arèn sok kèlingan | garanggati saba wari | sapa ingkang narimaa | dèn anggang-anggang wong laki ||
31. kalapaking wong abagus | paksa ngiringakên putri | kumêntul gung saba wraksa | gati-gati lunga jurit | gêntha kayu awak ingwang | kurakrakan sun lêlari ||
32. amandhêg mangu lumaku | waspa mijil diusapi | gurnita katon sumirat | karasa èsêming laki | kala ana pagulingan | angadhuh asambat mati ||
33. upamane [u...]
--- [f. 130v] ---
[...pamane] awak ingsun | lung-lungan mindha cêcipir | Kakang Êmas Damarwulan | kumêngkara milu jurit | kêmbang jambe dika kakang | kumayangyang mondhong putri ||
34. kaya prèmèn[114] polah isun | yèn kakang êmas ngêmasi | centhong alit paliwêtan | galo-galo sun tangisi | balagbag[115] ing panênunan | daya-daya masih urip ||
35. aja dadi dewa ratu | yèn kawula angêmasi | dadia sarining kêmbang | kang êmas bramara adi | angingsêpa ing kawula | yèn kang êmas dadi paksi ||
36. dadia wowohan ingsun | anucuka awak mami | yèn kang êmas dadi jalma | kawula dadia margi | aja liyanan kang angambah |[116] amung kangmas Damarsasi ||
37. tan liyaning kakungipun | ingkang sinambat ing tangis | wau Dèwi Anjêsmara | aniba-niba ing curi | angrungu abaning gamêlan |[117] payung agung kathah kaksi ||
38. datan kawarna ing ênu | wau Radèn Damarsasi | angiringakên boyongan | jampana tandhu lan joli | Ni Anjêsmara tumingal | mata kapèn ora pangling ||
39. amicara jroning kalbu | kakang êmas maksih urip | ngagea[118] cara Walanda | mangsa boya kula pangling | edan taun [ta...]
--- [f. 131r] ---
[Ilustrasi]
[...un] kang wêwarta | kang êmas ingaran mati ||
40. sukur rinak dewa gung |[119] kakang êmas maksih urip | wêruha yèn maksih gêsang | mangsa nusula wak mami | Ni Anjêsmara tangginas | sigra wau malayoni ||
41. kang raka eca lumaku | nitih kuda dèn payungi | sira Dèwi Anjêsmara | angrangkul padane siji | pan sarwi sira karuna | kagungan têmên wong iki ||
42. Ni Anjêsmara amuwus | angkoh têmên wong puniki | wêruha yèn maksih gêsang | kadêrêng têmên sun iki | Ni Anjêsmara tumênga | sang anom kagèt ningali ||
45. Sinom
1. mudhun saking ing turangga | rahadèn asêmu tangis | sakalangkung wêlasira | aningali ingkang rayi | pan sarwi dèn ulapi |
--- [f. 131v] ---
[Ilustrasi]
pêpulutan duk anusup | sinjange ting sarêmpal | awak ajur kênang êri | tinangisan kang rayi kinusya-kusya ||
2. Ni Anjêsmara ingêmban | amular lara anangis | kêdêh amudhun ing lêmah | lah jênat udhuna mami | sukur lamon amukti | nunggang jaran manggut-manggut | ngiringakên boyongan | ora etang maring rabi | sèlèhêna manira iki wong apa ||
3. wêruha yèn maksi gêsang | supaya nusula mami | dening wartane wus pêjah | anèng têngahing ngajurit | tan ana angrawati | ususe dicucuk manuk | yakti isun tan etang | labête trêsna wong laki | lêbur luluh pawe
--- [f. 132r] ---
pawèstri mangsa andêla[120] |[121]|
4. lêga rasane kang manah | ingsun undang kosi ail | baya eman sumaura | kalane miyang ajurit | ingsun tinilar guling | satanginingsun aturu | anênêdha ing dewa | tarak brata sun lakoni | udhunêna manira iki wong apa ||
5. age udhunêna ingwang | arsa amincati êri | sukuku kênang ri maja | mojar Radèn Damarsasi | iya ni êmas mêndi | sun catone radèn ayu | ya ta Ni Anjêsmara | dalamakane kang kèri | dinamonan runtuh êrine sêng sanga ||
6. paningsête cindhe kêmbang | rahadèn dipun uculi | sang ayu wus sininjangan | mung iki wohe wak mami | wong ayu milangoni | nanging baringkêk kalangkung | nuli agêlis lêjar |
--- [f. 132v] ---
mirahe pun Damarsasi | amung sira kang sêca tuhu maringwang ||
7. sakathahing putri tawan | sadaya sami ngaturi | marang Dèwi Anjêsmara | atur sinjang busana di | nanging ta dèn tampani | Ni Anjêsmara amuwus | boya tau busana | baya sun palaur mati | ora sudi angaub ing bêboyongan ||
8. mojar Radèn Damarwulan | pun kakang atadhah runtik | rujitên kadi puspita | saking sisip ingsun yayi | nanging dèn tulus asi | mirah ingsun radèn ayu | yèn pun kakang sagêda | kusuma rewangi mukti | lah mèsêma sun têbasa rong gotongan ||
9. ayunira kadi rêtna | kang sêtya asih ing mami | mirahe pun Damarwulan | wong ayu sêdhêng birai | pantês gêmi nastiti | tur alul lamon nênurut | pêpêking badhenira | kang asih ing awak mami | Anjêsmara sampun marêm ingkang manah ||
10. Ki Sabdapalon punika | jawil-jawil para nyai | wong pawèstri bubar-bubar | Nayagenggong muwus aris | garobo[122] têmên iki | Ki Sabdapalon pumaur[123] | wong jèndhèt kaluwihan | jaluk bako ora olih |
--- [f. 133r] ---
pungpung Radyan Genggong padha sêsogokan ||
11. ya ta Dèwi Anjêsmara | ingunggahakên tumuli | ing joli linggih kalihan | lawan Radèn Damarsasi | budhal kang bala ngiring | putri tawan anèng pungkur | sakathahe wong wetan | kang têluk mring Damarsasi | agêbagan kang wadya sami lumampah ||
12. ya ta sampun padha bubar | boyongan prasami ngapit | sakathahe wong bang wetan | jajarane anêlêhi | binangbung ampèl asri | waos ponthang samya dulur | alèrèng lawan ponthang | lêlayu dulur ing margi | abra sinang bandera awarna-warna ||
13. ing ngayun Putri Cangcangan | awasta Cêmpakawati | anitih tandhu angraras | asamiran payung kukning[124] | Putri Bali nèng wuri | anitih joli apatut | samiran payung abang | awasta Campakawati | nitih tandhu Sang Putri ing Prabalingga ||
14. Nilawati ingkang nama | asamiran sutra kuning | songsong cêmêng pinarada | dinulu têka mantêsi | Putri Tragolak wingking | raspati anitih tandhu | samiran songsong pêthak | leregan mandhalagiri | ikang nama Dèwi Wiyati wastanya ||
15. Putri
--- [f. 133v] ---
Wajak anèng wuntat | anitih joli rinukmi | asamiran sutra jingga | songsong ijo dipun rasmi | ing pajarakan adi | anitih jolang apatut | samiran gêgêdhahan | awasta Ambarawati | atanapi Putri Batal Padhomasan ||
16. Sarirasa ingkang nama | Sirnarasa kang wêwangi | anitih tandhu ajajar | asamiran cindhe wilis | Kincang Kinandhang iki | anitih joli apatut | samiran payung abang | dinulu têka mantêsi | awurahan kang tawan sami lumampah ||
17. parêkan sami lumampah | gumarudug anang margi | sami têtudhung salendhang | ana kang mingkis kulami[125] | gêguyon urut margi | ana ngure-ure gêlung | ana ingkang anginang | jaluk-jinalukan sami | kang kêngelan para nyai nitih tundhan ||
18. wus ngambah ing padêdesan | akathah ingkang ningali | suk bungah kang tumingal |[126] sawanèh jawil-jinawil | ana ingkang bêbisik | sawanèh ana amuwus | edane kang wêwarta | rahadèn ingaran mati | maksih bancèr lakine Ni Anjêsmara ||
19. ilang kêmbanging nagara | yèn pêjah Ki Damarsasi | busêkan wong Majalêngka [Maja...]
--- [f. 134r] ---
[...lêngka] | lêsêk[127] jêjêl anèng margi | ikang sawiji angling | Radèn Êmas Damarsantun | dening wartane pêjah | mêngko prapa boyong putri | kang sawanèh kontrang-kantring anèng marga ||
20. pating balêdrèg lumajar | wau ikang aningali | Ki Damarwulan wus prapta | para dipati kang ngiring | pinondhokakên sami | ing dalême para bakul | êbêk ambèr balabar | apondhokan para mantri | Puspalaya Sumampir lawan Parujang ||
21. sira ni bakul parada | dalême dipun rêsiki | wus dèn pêpajang apelag | kapondhokan para putri | Nyai Bakul Sumampir | pêpajangane bra murub | Nyai Bakul Parujang | dalême lir syarga ngalih | para putri sadaya wus masanggrahan ||
22. Patih Logêndèr punika | pinarêk ing pancaniti | kyana patih sêmu merang | putra kalih dèn paèsi | arahe ki apatih | nadyan si nyandhanga padu | lawan Ki Damarwulan | karaos yèn mênang uni | kawarnaa wau Sang Prabu Wanodya ||
23. kang lagi mujung anendra | kalangkung dènnya prihatin | putêkan badra erawan | dening Radèn Damarsasi |
--- [f. 134v] ---
[Ilustrasi]
kawarta angêmasi | kaniayane dewa gung | iya kang asung syara | basane Ki Damarsasi | bangkat karya amatèni Menakjingga ||
24. durung mukti awibawa | anèng kitha Majapait | Ki Pangantèn Damarwulan | têka puwara ngêmasi | ora nyana angimpi | Ki Pêngan Damarsantun |[128] layak bangkat akarya | dening têka nêniwasi | Prabu Kênya niba tangi karungrungan ||
25. pantêse Si Anjêsmara | anêmpuhakên ing mami | apa isun lirokêna | pae bêbêthut lan kisi | gampang anglêlironi | mênggêh katêpuhan[129] kakung | apa sun ilèkêna | ewuh têmên ingkang ati | Prabu Kênya monggo-monggo[130] [monggo-mong...]
--- [f. 135r] ---
[...go] lênglêng brangta ||
[Ilustrasi]
26. nalane wadhak-widhikan | apan sarwi sênig-sênig | amicara jroning nala | yèn ingsun sida alaki | lawan Layangkumitir | dadi jamane ra-èru | miwah Ki Layangsetra | yèn dadia laki mami | ora kêrta nagara ing Wilatikta ||
27. angandika Prabu Kênya | yayi sira sun takoni | kang matèni Menakjingga | satêmên-têmêne yayi | matura disayakti | Dèwi Waita umatur | inggih ikang anigas | yaktos Radèn Damarsasi | Menakjingga pêjahipun pêsanggrahan ||
28. tatune Ki Menakjingga | inggih saluhuring kuping | pilingane ikang kiwa | ginitik mring Damarsasi | patine têngah wêngi | balane tan ana wêruh |
--- [f. 135v] ---
[Ilustrasi]
lir paksi andon wohan | ature sang putri kalih | pan kasaru dhatênge Ni Anjêsmara ||
46. Asmaradana
1. sampun manjing dalêm puri | sira Dèwi Anjêsmara | angaturakên tawane | kalawan kang rajabrana | sampun katur sadaya | wau Radèn Damarsantun | pinarêk ing panangkilan ||
2. sineba ing bala sami | têtêlukan saking wetan | bopati lan samantrine | ana linggih sabragadha[131] | putra kalih ing Tuban | sineba ing mantrinipun | Radèn Watangan Buntaran ||
3. miwah mantri Majapait | para êmpu lan walandang | wong pardikan pêpêk kabèh | pinisêpuh lan jêjanggan | rame sami rêrasan |
--- [f. 136r] ---
[Ilustrasi]
dening wartane wus lampus | têmahan olih boyongan ||
4. kang lagya anang ing puri | sira Dèwi Anjêsmara | alon matur ing sang katong | pêjahipun Menakjingga | kawula nuhun priksa | apan patine puniku | angandika Prabu Kênya ||
5. pan ana ujarku dhingin | kang matèni Menakjingga | cèkèl lan longangni[132] bale | miwah wong kumbah karakah | asal ambakat karya | anom sun aku sadulur | yèn tuwa sun aku bapa ||
6. angandika Prabu Èstri | padmine Si Menakjingga | iya sapa kêkasihe | umatur Ni Anjêsmara | aran Rêtna Cêmpaka | Rêtna Kênanga panggulu | Rêtna Wratsari pamêkas ||
7. lan malihe [ma...]
--- [f. 136v] ---
[...lihe] Ni Wiyati | kalihan Rêtna Candrasa | Nilawati kêkasihe | Kanakawati punika | sami ayu utama | Menakjingga garwanipun | punika gusti katura ||
8. sadaya dipun takèni | marang Sang Prabu Wanodya | para putri matur kabèh | inggih Radèn Damarwulan | kang nigas Menakjingga | inggih gusti tatunipun | pêpilingane kang kiwa ||
9. angandika Prabu Istri | ujar ingsun dhingin apa | ora linyo[133] ujar ingong | yèn anake bapa patya | karo padha jurjana | padha bisa ngaku-aku | karone wong padha cidra ||
10. Prabu Kênya ngandika ris | biyang inya timbalana | bapa patih dipun age | ni inya mêdal ing jaba | ki patih tinimbalan | sira Êmban Sêpêtmadu | ki patih wus munggèng ngarsa ||
11. angandika Prabu Èstri | bapa patih sun atanya | awacaa[134] sabênêre | umatur kiyana patyah | igih anak kawula | wong kêkalih sarêng nuduk | mila Menakjingga pêjah ||
12. inggih pun Layangkumitir | kalawan pun Layangsetra | sami ginoco wong ro |[135] pun Menakjingga aniba | anuli dipun tigas | mèsêm
--- [f. 137r] ---
sêlir para arum | angandika Prabu Kênya ||
13. ujar wartine wong jawi | masêwur[136] yèn Damarwulan | Ni Anjêsmara ature | pan lakine Anjêsmara | iya kang olih karya | iku wartine misêwur[137] | balane ora uninga ||
14. Ni Anjêsmara nauri | si bapa kirang pariksa | ora nganggo sabênêre | atmajane padha cidra | parandene digêga | angandika sang aprabu | yèn mangkono Anjêsmara ||
15. ingsun adu aprang tandhing | lah tarinên lakinira | wani kinarubut toro[138] | pangakune Layangsetra | matèni Menakjingga | bapa patih dèn agupuh | tarinên atmajanira ||
16. ki apatih sampun mijil | wau dhatêng dalêm pura | anake dèn tari karo | sami asanggup kang putra | wahni[139] aprang tandhingan | Dèwi Anjêsmara rawuh | anari dhatêng kang priya ||
17. Dèwi Anjêsmara angling | lah kakang atur kawula | wong bagus kawula taros | punapa dika wania | ingadu prang tandhingan | lawana karsane sang prabu |[140] amusuh Ki Layangsetra ||
18. kalih kang Layangkumitir | iku timbalani[141] nata | dika kinarubut
--- [f. 137v] ---
roro | pangakune Layangsetra | matèni Menakjingga | Ki Damarwulan gumuyu | alon mijiling wacana ||
19. sukur wibawa amukti | anèng nagri Majalêngka | padha angaub ing ipe | sêsinau manakawan | manawi kalêrêsan | Anjêsmara jiwêl pupu | pan sarwi sira angucap ||
20. yèn Layangkumitir mukti | atanapi Layangsetra | pasthi dika ajur amoh | tur mangsa diuripana | pasthi dika palastra | apan gêthing nandhês balung | adarbe ipe panduka ||
21. Dèwi Anjêsmara aling | lah kakang atur kawula | wong urip sarèhi[142] bae | sapa bêcik binêcikan | wong ala ingalanan | sanadyan ipe sadulur | wong ala ginawe apa ||
22. Sabdapalon anauri | yèn andika wêdi aprang | wêdi kinarubut roro | tur kula mangsa ajênga | ngaku gusti mring dika | yèn wêdi aprang apupuh | maksih awrat Menakjingga ||
23. Ki Damarwulan sira ling | mas ayu sira matura | marang kusumaning sinom | lamun angsala pangaja[143] | sampun [sam...]
--- [f. 138r] ---
[...pun] mênggah punika | nadyan rupaa rong atus | kawula mangsa wêdia ||
24. sira matura tumuli | dhumatêng Sang Prabu Kênya | inggih ing saparentahe | nadyan anaa salaksa | ingsun mangsa wêdia | nadyan siyang nadyan dalu | mèsêm Dèwi Anjêsmara ||
25. sampun prapta dalêm puri | sira Dèwi Anjêsmara | Prabu Kênya ngandikalon | kaya priye Anjêsmara | sanggupe lakinira | Ni Anjêsmara umatur | unjuke laki kawula ||
26. apan botên sanggup wani | ajrih pan dèrèng karuhan | dhatêng sumangga ature | yèn sampun wontên pangaja | sampun mêgah[144] punika | Kusuma ing Majalangu | anulya salin busana ||
27. wus asinjang cindhe wilis | adhapur sampaka mulya | akampuh jingga saka lor | arja sêngkang nata brangta | panunggul intên mulya | dinulu warnane mancur | padha èstri lênglêng brangta ||
28. sakathahe para putri | rabine Ki Menakjingga | wus kinèn busana kabèh | atanapi Ni Waita | miwah Dèwi Puyêngan | warnanira [warnani...]
--- [f. 138v] ---
[...ra] wuwuh ayu | sadaya salin busana ||
29. akampuh gadhung malathi | wau Ni Rêtna Campaka | murub pinarada abyor | kêkêmbêne udaraga | rinèjèng ing toya mas | asêngkang bapang mangungkung | apanunggul intên mubyar ||
30. salira lurus raspati | bonyo winida kalêmpak | rêtna kananga kampuhe | limar cêpuk pinarada | kêmbên jingga rinenda | asêngkang maniking banyu | angandika Prabu Kênya ||
31. sakèhe kang para putri | padha ngiringa maringwang | payu padha anênongton | wong arsa aprang tandhingan | sapa kang mênang aprang | pasthi sun ngèngèri besuk | bari ngong srahi nagara ||
32. Sang Prabu Kênya tinangkil | pinarêk i sitibêntar | apan tan amawi kobong | wong pura mêdal sadaya | ningali wong têtandhingan |[145] gumêdêr wong dalêm agung | sami kinèn angêpunga ||
33. têpis wiring ing pamigir[146] | pan sami prapta sadaya | wong desa wus prapta kabèh | malah ambèr galedhegan | ingkang lakon rong dina | sadaya wus sami
--- [f. 139r] ---
rawuh | ananocol sangunira ||
34. angandika Prabu Èstri | sapa lumayu tandhingan | sira rampoga wong akèh | sagunging mantri sadaya | sami matur sandika | Dèwi Anjêsmara wau | amêmantês mring kang priya ||
35. sira Radèn Damarsasi | kinampuhan jingga masa | asri rinèjèng tumpale | binuka si[147] pinarada | lancingan cindhe kêmbang | asabuk pathola wungu | adhuhu[148] tinaturangga[149] ||
36. warnane lir Yayang Rasmi | mojar Dèwi Anjêsmara | kang êmas lakiku dhèwèk | baguse tanpa tandhingan | kaya Sang Kamajaya | aja na kang milu-milu | kang êmas laki kawula ||
37. sira Radèn Damarsasi | wus malêbu ing kalangan | sang dya anggawa jêbênge | mojar Radèn Damarwulan | mirah gusti kawula | adhuh atma jiwaningsun | aja milu mring kalangan ||
38. manawa kasawat yayi | mojar Dèwi Anjêsmara | mila kawula tan adoh | manawa andika tiwas | kawula tumut bela | sanadyan matia ingsun | kawula nungkêmi pada ||
39. alon rinangkul kang rayi | mojar Radèn Damarwulan | atma jiwaningsun dhèwèk | kang sawang nila pakaja | wêlasasih [wêlas...]
--- [f. 139v] ---
[Ilustrasi]
[...asih] kawula | gustine pun Damarsantun | kang sêca tuhu maringwang ||
40. sira pun Layangkumitir | wus akampuh parangrusak | tinaturangga kêrise | asabuk sutra diwangga | sampun asikêp watang | abaksa angikal lawung | akêkèjèk ing kalangan ||
41. Ki Layangsetra tan kari | wus akampuh las-alasan | adhuhung parungsarine | asabuk sutra di papan | kêkèjèk ing kalangan | abaksa angikal lawung | ongkèk bau mêmêndhapan ||
42. sakèhing wong Majapait | para mantri lan ponggawa | pan sami totohan kabèh | ana kang êtoh kandhaga | ana toh payung bawat | ana êtoh waos dhuhung | ana badhik ana gobang ||
--- [f. 140r] ---
[Ilustrasi]
43. kang sugih êtoh mas picis | uwang atanapi reyal | ana êtoh saruwale | gênthone wong Majalêka | tan ana ngilonana | dhatêng Radèn Damarsantun | kang roro gagah prakosa ||
44. amung satriya ing Tubin | awasta Radèn Buntaran | Radèn Watangan arine | kalawan wong têtêlukan | kang milu Damarwulan | bae-bae padha tumpuk | kabèh tinakut sadaya ||
45. dhasar satriya ing Tubin | panas atine tumingal | mring putra Patih Logêndèr | yèn ningali Layangsetra | mungguh angsal pangaja | kaya sinuduka gapruk | wani atakêr ludira ||
46. wontên ta satriya malih | wasta Radèn Menak Koncar | saking Lumajang
--- [f. 140v] ---
wijile | satriya prawirèng yuda | ningali Layangsetra | untune tansah ingadu | saking panase tumingal ||
47. para mantri Majapait | dhasar wantêr yèn totohan | angandêlakên jagone | êtohipun gêgantangan | apan sami tumpukan | sadaya sami tinakut | marang Radèn Menak Koncar ||
48. sami sira muwus aris | bopati kang têluk anyar | amicara sarowange | iki maning yèn nanggaa | amusuh Damarwulan | maksih tatab gustiningsun | sapardènipun palastra ||
49. ujare kang durung uning | layak kalah Damarwulan | kang wu[150] priksa ing gawene | pasthi mênang Damarwulan | lakine Anjêsmara | dhasar rupane abagus | sêmune têka wilêtan ||
50. ingkang wontên ing sitigil[151] | sakathahe putri tawan | miwah para nyai kabèh | sadaya sami nênêdha | iya dewa mênanga | eman matia wong bagus | yèn ora kêlar mundura ||
47. Durma
1. Sabdapalon lara atine miyarsa | dening dèn majanani | mara musuhana | milua kirik Setra | ingsun milu gusti mami | dodot manira |
--- [f. 141r] ---
[Ilustrasi]
musuhana lêlinting ||
2. sabuk iwang mara musuhana kinca | lah mara wêdhung mami-mami |[152] musuhana jênang | iki saruwal iwang | mara musuhana pathi | ikêt manira | musuhên lawan inthil ||
3. Sêbdapalon sigra cucul awêwuda | pan sampun dimusuhi | inthil lawan jênang | pathi kalawan kinca | anulya dèn pangan dhingin | gêmut sadaya | lir pinangan ing bêlis ||
4. baturipun totohan asru angucap | têka dipangan dhingin | pan durung karuwan | mênange lawan kalah | Sêbdapalon anauri | pasthi yèn mênang | lah payu bae maning ||
5. sampun muni gamêlan aprang tandhingan | Ni Anjêsmara angling | dhuh dewa kawula | kakang andika baksa | mèsêm Radèn Damarsasi | yayi ta
--- [f. 141v] ---
tan bisa |[153] kaping kalih aisin ||
6. cênthèng-cênthèng sira Dèwi Anjêsmara | baya tan darbe galih | wong bancèr punapa | ora bisa abaksa | yèn sawunga wiring kuning | wijil Mataram | Kang Êmas Damarsasi ||
7. wataraku nyangga êtoh kêkoyanan | têka anglêlingsêmi | apan kadi gêrah | Damarwulan sinurak | dening wong ing Majapait | angrasa wirang | koncane dipun wiwir ||
8. nyandhak jêbêng sira Radèn Damarwulan | munggèng astane kèri | astane kang kanan | anyabêtakên konca | kadya amêrak kasimpir | maju mandhapan | wignya abaksa rangin ||
9. dipun ikal jêbênge sawang gurnita | lir dali nampar wari | maju mêmandhapan | mundur angon wirama | mêmondrèng kathah ningali | padha kasmaran | lênglêng sagunging putri ||
10. Anjêsmara mèsêm sarwi kêplok tangan | lir kamandhang dènnya ling | sapa kang totohan | lamun arêp mênanga | milua ing dewa mami | ya ta kang êmas | maksih bancèr julanthir ||
11. Anjêsmara wau sira bondhèt konca | dhuh kakang uwis-uwis | sampun dika baksa | maras ati kawula | akèh mêmondrèng dêdungik |
--- [f. 142r] ---
padha kasmaran | bok dika dèn malingi ||
12. ya ta mèsêm sira Radèn Damarwulan | têka angrêrèbêdi[154] | mojar Anjêsmara | wêdi adoh manira | akèh putri aningali | padha nèng wuntat | bok kula digruwêki ||
13. sakathahe para putri ing bang wetan | padha brangta ningali | andulu Anjêsmara |[155] wau lêlewanira | manahira mêdal gêni | si lènjèh ika | matia kênang kêris ||
14. Sabdapalon menthok-menthok dènnya baksa | anèng wurining baris | pan sarwi wêwuda | konthole kulaweran | pan sarwi nyêkêl kêwali | tamèng dhêdhulang | lir bulus kênang panci ||
15. uculêna yayi aja bondhèt konca | sun mangsêh aprang tandhing | musuh kakangira | Anjêsmara angucap | kang êmas kathah dêdungik | mênak kawula | disayom para putri ||
16. lamon dika tan piyandêl ing manira | kakang pêjahna dhingin | kakang botên suka | sarwi amêlasarsa | ora duwe kadang-kiding | amung andika | kawula tumut mati ||
17. dhingin kula kawula sura mêmêrata |[156] wani mêrang rêrai | mojar Damarwulan | yayi nêdya
--- [f. 142v] ---
[Ilustrasi]
punapa | ingong ngadhêpakên pati | Ni Anjêsmara | mengkok-mengkok angliring ||
18. buwang jêbêng sira Radèn Damarwulan | dhuh atma jiwa mami | mirahe pun kakang | mengkok Ni Anjêsmara | komalaning mirah adi | aja karuna | angeroni kang ati ||
19. kawarnaa kang anèng ing pêpanggungan | ningali wong prang tandhing | andhèr putri tawan | anèng made garudha | apalisir sutra kuning | Sang Prabu Kênya | lênglêng sajroning ati ||
20. sampun mangsêh Ki Layangsetra anumbak | lawan Layangkumitir | angraosi sayah | lir numbak wêwayangan | Ki Damarwulan tan gingsir | Ni Anjêsmara [Anjêsma...]
--- [f. 143r] ---
[Ilustrasi]
[...ra] | tangise kontrang-kantring ||
21. Anjêsmara kadi Dèwi Nilotama | natkala milu jurit | marang Sang Arjuna | musuh Nityakawaca | sira pun Layangkumitir | lan Layangsetra | anêcêr anumbaki ||
22. tandangira wong roro kagila-gila | anumbak kanan kèri | Radèn Damarwulan | tinumbak nora kêna | eca gènnya baksa rangin | Ni Anjêsmara | anangis jêrit-jêrit ||
23. dipun gitik ing jêbêng Ki Layangsetra | lawan Layangkumitir | karo kalabakan | malah lali ing watang | malayu narajang baris | mêdhot balabar | sinurak bali maning ||
24. Anjêsmara amêgati saking ngarsa | kakang elinga
--- [f. 143v] ---
linga kalih |[157] sampun kaniaya | marang kang Damarwulan | bramatya Layangkumitir | Ni Anjêsmara | nuli dipun lairi[158] ||
25. pan gumênyang pambayune ora pasah | Ni Anjêsmara angling | adhuh kakang êmas | lêbar kagungan dika | ditumbak wong edan baring | sirik kang êmas | animbul saban wêngi ||
26. pambayune amindha maja kancana | awayah cumangkrami | pan sinangga maya | sêdhêng agênge ika | artine pambayun kalih | mênggêh satriya | pacangkraman kang adi ||
27. ya ta ana iku rangdhane wong todhan | pambayune puniki | amba tur adawa | dipun têkuk ping sanga | akêncêng dikêkêmbêni | arahe ika | katon amênis-mênis ||
28. ya ta eca gènnya midhang lanthang-lanthang | kêkêmbên wudhar margi | langkung wirangira | dening kêkêmbên wudhar | akèh wong bagus ningali | mulih anglaras | anjontroti pasisir ||
29. sakalangkung dukane Ki Damarwulan | asru dènira angling | iya Layangsetra | iki banthange[159] ana | têka anumbak jêjawi | lamun matia | kelangan sanak istri ||
30. anuduki wau Radèn Layangsetra | lawan Layangkumitir | asru [a...]
--- [f. 144r] ---
[Ilustrasi]
[...sru] nudukira | marang Ki Damarwulan | putri sadaya ningali | sing katêbahan | sami mèsêm ing ati ||
31. anganandika kang anèng ing made ratna |[160] wau Sang Prabu Èstri | marang babu inya | biyang Ki Damarwulan | konên malês dipun aglis | ni babu ina[161] | prapta mring Damarsasi ||
32. radèn êmas kawula ngêmban timbalan | andhawuhakên mangkin | katura mring dika | timbalane sang nata | wau kinèn malês tuli[162] | mring Layangsetra | miwah Layangkumitir ||
33. Damarwulan wau ature sandika | pun inya mundur aglis | sigra Damarwulan | gupuh nulya anyandhak | sira Ki Layangkumitir | lan Layangsetra | karo sami binanting ||
48. Puh Mudha[163]
1. Ki Layangsetra [Layang...]
--- [f. 144v] ---
[Ilustrasi]
[...setra] kasoran | kalêngêr binanting siti | Layangkumitir kasoran | kuleletan[164] anèng siti | karo pating gulinting | tan ana bisa alungguh | ki patih wus lumajar | angrangkul mring Damarsasi | uripêna iku gusti kadangira ||
2. wong Tuban asru asurak | gumuruh syaranirèki | kalawan wong têtêlukan | gumuruh syara ngêbêki | sami narik tohnèki | wong Tuban surak gumuruh | dene wong Majalêngka | kabèh padha dèn dhèdhèli | kerut kabèh êtohe dening wong Tuban ||
3. sawanèh ana anunggak | asêmaya mêngko bêngi | ana dèn dhèdhèli sira | bêbêd ikêt lan kulambi | sakèh wong Majapait | barundhul mulih ambêncungl[165] | sawanèh ana nungg[166] [nung...]
--- [f. 145r] ---
[Ilustrasi]
[...g] |[167] dikinthil dening wong Tubin | prapta griya wicarane arêrêmpa ||
4. ana ikang tinabokan | ana lumayu agêndri[168] | ana ikang asingidan | ana ingkang ngêngêmbangi | ana kang ngasih-asih | besuk êmbèn ingong nyaur | besuk têtaganiwang[169] | kêbone dicangcang jawi | awurahan kang kalah dipun bêbayang ||
5. Ki Patih Logêndèr ika | sidhakêp bari anangis | marêk marang Damarwulan | dhuh jênat sun têdha gusti | pan kadangira kalih | asangêt panêdhanisun | karyanên panêkawan | radèn sampun dipêjahi | Anjêsmara jalukêna dulurira ||
6. Ki Sabdapalon punika | wau malêdhingi silit | Ki Nayagenggong punika | ngede-ede mring ki patih | Sêbdapalon nauri | lah têbungsên[170] lan bêkatul | Nayagenggong angucap | patih kinca aja kari [ka...]
--- [f. 145v] ---
[...ri] | santên kanin anaa wolung jêmbaran ||
7. Ni Anjêsmara angucap | pamuwuse asmu tangis | kang êmas kawula têdha | sadulur kawula kalih | sampu dika patèni | manawi pêputra besuk | sintên binasan uwa | mèsêm Radèn Damarsasi | wus tinawa kang raka karo waluya ||
8. Ni Anjêsmara karuna | marmane lara anangis | karaos ing nalanira | manawa kang raka singgih | pinundhut ing sang putri | marmanipun sênggruk-sênggruk | ya ta Ki Damarwulan | angrangkul saking ing wuri | milanira anangis tapa[171] karana ||
9. galêpung mugah[172] wadana | sêsulung kang mêdal enjing | sataun mangsa lipura | yèn ta dèrèng aliros[173] sih | wilatung ing Mêrapi | têtingalêna wak ingsun | toya bèr dhinawuhan | pênalit[174] mêgat margi |[175] nora wurung dèn mêmaru orang bêsar ||
10. panu biru munggèng jaja | mung sira sun tohi pati | kalabang sinandhung muncar | ora rêna kula yayi | dhèngdhèng dêlêg wak mami | sun lawani bolar-balur | inggih amung andika | kang dadi têlênging galih | anjajaha nagara mangsa antuka ||
11. mojar Dèwi Anjêsmara | ing raka sarwi anjiwit | marase ati [a...]
--- [f. 146r] ---
[...ti] kawula | kang êmas ingsun tuturi | dening dede sasami | wong mêmaru lan wong agung | nanging kang êmas poma | gêgêlang munggèng jariji | akramaa aja lali ing kawitan ||
12. Sang Prabu Kênya tumingal | ing manah kadhohan kingkin | amung Radèn Damarwulan | nora darbe cipta kalih | amicara ing ati | sêsinau mongmong maru | baya karsaning dewa | nora bakaling wong laki | kaki dewa têguhêna awak ingwang ||
13. nadyan rêkèh tumuruna | widadara-widadari | awuwuha Dèwi Uma | kalawan Sang Yang Pramèsthi | kaya tan kêna mari | anambani laraningsun | dewa lara kawula | nora mati nora urip | laraningsun monggo-monggo karungrungan ||
14. angadêg Ki Damarwulan | wontên sandhaping waringin | Prabu Kênya sira mulat | waspada dènnya ningali | baya sampun pinasthi | jalu e èstri sami dulu |[176] nanging sakêdhap netra | kadi raditya lan sasi | jalu èstri lênglêng imbuh-ingimbuhan ||
15. ya ta wau Prabu Kênya | malêbu ing dalêm puri | sakathahe putri tawan | sadaya sami angiring | sira
--- [f. 146v] ---
Sang Prabu Èstri | lampahipun gandrung-gandrung | rasane ingkang manah | kaya mati kaya urip | langkung sêmang sênan-sênig[177] manahira ||
16. sakathahe rajabrana | ingkang sami adi luwih | sinjang ikang sarwa endah | sêsoca mirah kang adi | sadaya didhudhahi | kinarya panglipur wuyung | marang Sang Prabu Kênya | saprandene maksih brangti | angandika undangên Si Anjêsmara ||
17. datan kawarna samana | Dèwi Anjêsmara prapti | angandika Prabu Kênya | mung dika sadulur mami | yayi dèn marang ngarsi | nulya majêng awotsantun | sapraptane ngajêngan | angandika Prabu Èstri | ingsun pundhut yayi pati uripira ||
18. iya sadulur manira | sira sun basani yayi | dipun lila manahira | payu yayi padha mukti | anang ing Majapait | sêsinau mongmong maru | matur Ni Anjêsmara | gumuyu sarya wotsari | rintên dalu dhatêng sumangga ing karsa ||
19. sampun mênggah sapunika | nadyan pati lawan urip | sumangga karsa sang nata | dyan ngandika Prabu Èstri | tarimaningsun iki | ngêpèk bae yayi ingsun | sakèhe putri tawan | kasraha i sira yayi | wis muliha aturana [atur...]
--- [f. 147r] ---
[...ana] lakinira ||
20. sakathahe putri tawan | sami amicarèng ati | baya wus karsaning dewa | lêlakone awak mami | tan drêman lêliwati[178] | apisah lan rama ibu | prapta ing Majalêngka | atêmah kajiwa bumi | wis mangkono dèn mêmaru orang bêsar ||
21. lèngsèr Dèwi Anjêsmara | wau saking dalêm puring[179] | sakathahing putri tawan | sadaya sami angiring | Anjêsmara nèng ngarsi | ginarêbêg para arum | para putri sadaya | garwane para dipati | samya ngiring duk malêbêt dalêm pura ||
22. wus prapta kagok ping tingga[180] | punggawa lan para mantri | wus sami bali sadaya | sakathahe para putri | sadaya sami ngiring | duk malêbêt dalêm agung | ya ta Sang Prabu Kênya | wus sinjang garingsing ringgit | tanpa sêngkang amapag ing paregolan ||
23. ya ta wau Prabu Kênya | andulu mring Damarsasi | jajane kang katingalan | pinandêng dening sang putri | apan Ki Damarsasi | jajane murub pumunu[181] | apan patang prakara | urubing jaja awêning | raosêna sêmuning urubing jaja ||
24. urube ingkang apêthak | nyata wijiling atapi | urube ika aabang | nyata [nya...]
--- [f. 147v] ---
[...ta] rêmbês danawari[182] | iya ikang akuning | iku nyata Damarsantun | nyata trêhing kusuma | kaki bagawan linuwih | ibu sora[183] bapa madu trêh kusuma ||
25. sirna urube kang jaja | dinulu ana wong linggih | munggèh dhêdhampar kancana | ing garbane Damarsasi | ingayap para putri | amakutha abra murub | agêlung kêkêlingan | cayane luwih nêlêhi | ora samar apan wus tunggal panukma ||
26. ya ta Sang Prabu Wanodya | gupuh-gupuh malayoni | marang Radèn Damarwulan | sangdyane arsa ngunjungi | sinambut Prabu Èstri | pinondhong sang murtini[184] rum | adhuh dewane si kakang |[185] kusuma gon ingsun ngabdi | amung sira mustikaning Majalêngka ||
27. mojar Dèwi Anjêsmara | marang sagung para putri | payu padha têtabuhan | gêndhinge ikang abêcik | wus sami dèn gêlari | dening sagung para arum | bêdhaya wus marapag | gamêlan munya rêrangin | lir bramara kang anèng ing pagulingan ||
28. gamêlan muni angraras | lir taru sêdhênge sêmi | Ni Anjêsmara angucap | marang sagung para putri | aja anjêjaruhi | hèh sakabèh kancanisun | lah wis payu [pa...]
--- [f. 148r] ---
[...yu] padha wisan |[186] sakathahe para putri | padha mulih aja rèbêdi ni lura[187] ||
29. binakta mring pagulingan | wau ta Sang Prabu Istri | dhatêng Radèn Damarwulan | kalangkung angasih-asih | sarwi angaras pipi | pangrungrume pait juruh | ora rumasa krama | rumasa lamon angabdi | amung dika ratu êmas adi mulya ||
30. yèn sun sawang warnanira | sajagat tan ana tandhing | kang kadi kusumani[188] rat | intên ratna kang linuwih | mirah nila widuri | komalane mirah dadu | sorot andrabuwana[189] | midêra sèwu nêgari | amung sira ratu ayu adi mulya ||
31. têgêse kusuma kêmbang | dudu gampir[190] lan malathi | dudu campaka kênanga | dudu kêmbang ingkang wangi | sajatinèku yayi | kang anukma ing panglulut | tingale Damarwulan | dhumatêng Sang Prabu Èstri | raosêna kêdhik toyaning sagara ||
32. sakathahe para inya | sadaya sami angintip | marang Radèn Damarwulan | bibèkane aku mati | tan kawawa mirsèki | syarane aluwih arum | lir madu pinasthika | syarane amêlasasi | lara paran cingcing-cingcing nêdha
--- [f. 148v] ---
[Ilustrasi]
rowang ||
33. datan kawarna ing siyang | wau gumanti kang wêngi | sang kakung amriyêmbada | sang kakung angari-ari | siyang dalu lir mimi | tan kêna bênggang sarambut | langkung dènnya pasihan | tan kêna bênggang sanyari | siyang dalu rinungrum lir guladrawa ||
49. Dhandhanggula
1. kawarnaa wau ta Sang Dèwi | Anjêsmara alara karuna | piyarsa wau tangise | ya ta kusumaning rum | rajaputri amuwus aris | kakang rayi andika | alara amungun | Rêtna Dèwi Anjêsmara | dika tulung mangsa beda wong alaki | kakang sapadha-padha ||
2. mèsêm sang kakung angaras pipi | lah kantuna mirahe si kakang | isun atulung arine | ya ta sang rajasunu |
--- [f. 149r] ---
[Ilustrasi]
sampun prapta sinambut aglis | Anjêsmara karuna | tangginas anggarut | lah jênat udhuna iwang | nora kêlar dèn mêmaru lan narpati | ingsun tan karawata ||
3. ya ta rinungrum ingari-ari | pantês têmên mirahe si kakang | wong ayu putungan atèn | baringkêke kalangkung | sapa baya kang duwe rabi | iya Ki Damarwulan | ayune anulus | nanging sakêdhap kewala | nuli lêjar binakta munggah aguling | wau Ni Anjêsmara ||
4. kinusya-kusya wau kang rayi | apan sampun kagantenan rasa | ana putri kalih mangko | Ni Waita amungun | Ni Puyêngan lara anangis | sambate amlasarsa | adhuh awak ingsun | atilar ing ibu rama |
--- [f. 149v] ---
atêmahan ingsun anèng Majapait | têka kasurang-surang ||
5. apan sampun sinabut[191] tumuli | Ni Waita Ni Puyêngan sigra | kajatèn rasan kalihe | miwah kang para arum | apan sampun kajatèn uni | rasa kang luwih mulya | wau sang abagus | sampun pinarêk atata | Ratu Ayu Kusuma Kancanawati | lawan Ni Anjêsmara ||
6. Ni Waita Puyêngan ing ngarsi | para putri atarap ngajêngan | pêdhêkan umyang syarane | anglêladèni sampun | pêpanganan kang adi-adi | miwah putri ing Tuban | Ni Sakati iku | putri Daha anèng ngarsa | Prabu Kênya ingapit gènnya alinggih | ngarsa putri agêlar ||
7. sampun kasrah saisini[192] puri | ingkang warna mas rajabarana | wus asalin jêjuluke | Brawijaya Sang Prabu | Prabu Anom i Maospait | agêlung kêkêlingan | panganggoning ratu | sampun ingangge sadaya | suka bungah sakathahe para putri | miwah para pawongan ||
8. enjing sang nata miyos tinangkil | pêpêk kabèh ka[193] para punggawa | mantri Majapait kabèh | bopati ingkang têluk | sampun prapta sakancanèki | agar[194] ing pagêlaran | atarap alungguh | wus pinarêk sri nalendra | ing dhêdhampar kancana adi rinukmi | tarap kang
--- [f. 150r] ---
para inya ||
9. Sabdapalon alinggih ing ngarsi | Nayagenggong pinarêk ing ngarsa | awor lan wong wadon akèh | malangkêrik ka lungguh | para inya micarèng ati | iki ta baya sapa | awor dènnya lungguh | kabèh padha linggih têbah | iki dhèwèk têka awor lan pawèstri | Sabdapalon muncangah ||
10. sami kojêm sagung aningali | para dipati mantri ponggawa | sami tumungkul silae[195] | ikang linggih ing ngayun | Radèn Buntar Watangan uni | lan Radèn Menak Koncar | alênggah tumunggul[196] | Prabu Anom angandika | sakathahe bopati kang mati jurit | padha nunggak sêmia ||
11. yayi Buntaran Watangan singgih | jumênênga Dipati ing Tuban | iku luwih prayogane | mancanagara iku | lah angrèhên ing sira yayi | sira ingkang marentah | sawarnane iku | Menak Koncar jumênênga | ing Lumajang iku nagarane dhingin | bang wetan kaêraha[197] ||
12. sampun wau ingundhangan sami | ingkang pêjah marang adilaga | sami nunggak sêmi kabèh | ing Daha putranipun | mung sawiji nêgih[198] pawèstri | aran Dèwi Graita | pan anèng kadhatun | tan [ta...]
--- [f. 150v] ---
[...n] ana kang jumênênga | sira Radèn Watangan anang Kadhiri | jumênêng anèng Daha ||
13. sampun dangu sang nata tinangkil | ya ta kondur Sang Abrawijaya | bubar punggawa mantrine | ingiring para arum | myang pêdhêkan lan para cèthi | prapta kagok ping tiga | lampahe sang prabu | kadi jênênge kang rama | Brawijaya karihin kang sampun lalis | kagêntèn Damarwulan ||
14. Prabu Kênya amapag ing laki | akêkanthèn lawan Anjêsmara | wus prapta mêndhêk kalihe | sigra nulya sinambut | sampun wau pinarêk sami | Puyêngan anèng ngarsa | Waita ing ngayun | ingapit dènira lênggah | Prabu Kênya tan têbah gènira linggih | lawan Ni Anjêsmara ||
15. kawarnaa kagêntèn ing sasi | padhang wulan pan didi[199] raina | wus kinèn gamêlan age | bêbêdhayan sang prabu | akasukan lan para rabi | Prabu Anom ngandika | dhatêng êmbanipun | babu inya timbala |[200] Menak Koncar Buntar Watangan dèn aglis | babu inya tur sêmbah ||
16. babu inya wus prapta ing jawi | ingandikan pan sampun lumampah | katiga prapta ngarsane | yayi dèn marang ngayun |
--- [f. 151r] ---
[Ilustrasi]
atur sembah satriya kalih | lan Radèn Menak Koncar | alênggah tumungkul | arame gènya bêdhayan | gamêlane ikang nabuh padha èstri | syaraning punang raras ||
17. ya ta wau Buntaran ningali | mring arine Radèn Menak Koncar | Putri Lumajang wijile | Rarasati ranipun | sadangune pinandêng liring | dhasar sampun kasmaran | Watangan andulu | mring Putri Dipati Daha | Menak Koncar Dèwi Sakati dèn liring | merang gènira mulat ||
18. Prabu Anom tumingal awasis | wus uninga sêmune sadaya | para santana pikire | Prabu Anom awus |[201] dhatêng sira Buntaran uni | yayi sira kramaa [kra...]
--- [f. 151v] ---
[...maa] | lawan arinisun | Si Watangan apanggiha | miwah kakang Menak Koncar ingong tari | sadaya mawi krama ||
19. ya ta wau sami angabakti | Buntar Watangan lan Menak Kocar | sami anuhun ature | Anjêsmara tinangtun | wau dhatêng i sang narpati | aturipun sandika | Prabu Anom muwus | yayi sira panggihêna | Putri Daha lan rayi Watangan uni | kang wasta Ni Graita ||
20. Rarasati lan Buntaran uni | Ni Sakati sira apanggiha | kalawan kadange dhèwèk | Menak Kocar apatut | ya ta sampun dinuman radin | sakèh para santana | tinariman sampun | kalangkung prayoganira | yat bubar kang sampun atampa putri |[202] sadaya suka bunga[203] ||
21. Ki Sêbdapalon jinungjung linggih | apan wau dening sri nalendra | Dêmang Sêcabawa rane | Nayagènggèng jinungjung | Sêcayuda ingkang wêwangi | wus pinaringan desa | damêl gangsal atus | pamiyosi[204] kang nagara | pajêg inthil bêbongko kalawan pipis | gênge sagudèl modar ||
22. pangiringe jênang lan gulali | pangajênge ya bakatul mêntah | santên kanin gangsal pane |
--- [f. 152r] ---
kinca kalawan juruh | sabên pêndhak Sênèn ngaturi | sami sêdhih baturnya | lemonera[205] mêtu | binoyong anak rabinya | kai dêmang sampun tinariman putri | Kincang lawan Kinandhang ||
23. kawarnaa ri sampun alami | Prabu Anom linggih Majalêngka | Brawijaya bisikane | agung gawe nênumpu | kidang lawan manjangan kancil | dèn iring ing badhaya | parêkan gumuruh | akanthèn lan Anjêsmara | Prabu Kênya saparane nora kari | Waita lan Puyêngan ||
24. akasukan anopèng angringgit | gêdhog pêrwa[206] lawan bêbarongan | wong abanjêt wong abetho | atanapi wong gêmbyung | ngura-ura Ki Dhalang Rudin | nutug kasukanira | wau sang aprabu | êgon mèku[207] nêgara |[208] langkung kêrta nêgara i Majapait | sarya murah tinumbas ||
25. langkung gêmah kitha Majapait | padêdesan dapak pawukiran | êwos tan ana rêgane | tulus sarya tinandur | suka sugih wau wong cili | saking bêrkah nêgara | rêngrêng sêmunipun | nêngêna datan kawarna | kang sinihan Prabu Anom Majapait | kang amukti wibawa ||
--- [f. 152v] ---
26. kawarnaa ki rêkyana tih |[209] lagya pinarêk ing palataran | agunêm lawan garwane | putra kalih nèng ngayun | Layangsetra Layangkumitir | silah anang ing ngarsa | ngadhêp ramanipun | kyana patih angandika | kaya priye rêmpagira pramèsyari | apa karsa nungkula ||
27. marang ikang aran Damarsasi | ya ta matur wau ikang garwa | yèn rêmpug kawula mangke | dawêg sami anungkul | marang Ratu ing Majapait | mangsa dipun bucala | Anjêsmara iku | ingadu lawan sang nata | pêpantêse ingapura ing narpati | marga Si Anjêsmara ||
28. Layangsetra asru anauri | Layangkumitir asru angucap | umatur marang ramane | yèn sawawi pukulun | angulari sraya kang sakti | mangsa kuranga jaman |
--- [f. 153r] ---
[Ilustrasi]
tan sae katèngsun | ngawula ing Damarwulan | gamêl dika punika asale dhingin | wijil kêkirik desa ||
29. mandahane wirange kang ati | kang ngawula marang Damarwulan | inggih rama katong sone | ki patih alon muwus | marang ngêndi gonira ngungsi | kang layak mêjahana | marang Damarsantun | Layangkumitir anêmbah | pan ing ngriki kêkalih ratu sinakti | Anggris kalawan Wandhan ||
30. apan inggih kang lamar karihin | inggih rama sae winartanan | Sang Prabu Kênya lakine | olih pakathik dhusun | ora layak dadi narpati | anglêng Sang Ratu Wandhan | lan Anggris puniku | ki patih alon [alo...]
--- [f. 153v] ---
[...n] ngandika | lah dangdana kajinêman durapati | lan saos rêmbatan |[210]|
31. pramèsyari akèh aturnèki | sampun dika kesah minangsraya | najan ana ratu kaot | tan nyangga juritipun | Damarwulan langkung sinakti | sinihan ing Jawata | pilih tandhingipun | Layangkumitir anyêntak | tambuh-tambuh anggugu ujaring istri | mangsa dadi dangdangnan[211] ||
32. sampun surup kagêntenan sasi | kajinêman lawan gulang-gulang | cumaos durapatine | tandhu rêmbatan agung | nulya budhal rêkyana patih | wêlur tan ana ngucap | morod têngah dalu | awatara karo bêlah | gêgamane wau ki rêkyana patih | sêja ngungsi mring Wandhan ||
33. kawarnaa wus katur sang a sang aji |[212] Prabu Anom langkung marmanira | ye[213] Patih Logêndèr morod | kesahe têngah dalu | ora nana ingkang udani | Sang Prabu Brawijaya | langkung dènnya ngungun | sapa baya kang ngêmonga | awak ingsun yèn dedea bapa patih | kang layak dadi dhadha ||
34. Anjêsmara mangke matur ririh | sampun mênggah kakang wong atuwa | wong awon karêpe
--- [f. 154r] ---
dhèwèk | sanadyan wong asêpuh | botên kenging ginawe bêcik | mangsa ta wonga liya | manggih laranipun | nadyan silèh kang ayoga | botên idhêp kabêcikan sami-sami | têmah manggih cilaka ||
35. alon rinangkul wau kang rayi | sêdyaningsun mirah bapa patya | sun êkon mukti nèng kene | anguyunana iku | sakathahe para bupati | ya ta datan winarna | wus lami tinutur | dalême Ni Anjêsmara | mungge[214] kilèn ikang têngah Prabu Èstri | kang wetan Ni Waita ||
36. kalawan Dèwi Puyêngan sigih | Prabu Kênya dadya tunggulira | Anjêsmara ing kèrine | parentah para arum | turunane Dèwi Walèri | lawan Dèwi Waita | langkung rêmpugipun | wus ajangkêp kawan dasa | jêjamahan kang padmi sakawan uni | putri mungkur sadaya ||
1 | Nama pupuh Lêbar Tanêm ini merupakan sejenis wangsalan untuk Kinanthi. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: kasusula ing dêdalan. (kembali) |
3 | bêbêkèr. (kembali) |
4 | dening. (kembali) |
5 | kinèngkèn. (kembali) |
6 | Nama pupuh Nênang Lêlatêng ini merupakan sejenis wangsalan untuk Pangkur. (kembali) |
7 | lagi. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: kon padha abusana. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: arsa mêdal ginubêl ing para arum. (kembali) |
10 | duta. (kembali) |
11 | lêngkung-lêngkung. (kembali) |
12 | Lebih dua suku kata: astanira malah dèn angluh sakit. (kembali) |
13 | aririh. (kembali) |
14 | dhêdhongklak. (kembali) |
15 | baya. (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata: kêsêl jiwit agêblag. (kembali) |
17 | nyêthot. (kembali) |
18 | Kurang satu suku: Ki Sabdapalon nèng lawang. (kembali) |
19 | lawuha. (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: sigra ngambil sêga lawuha satumbu. (kembali) |
21 | prênjak. (kembali) |
22 | Kurang satu suku kata: Menakjingga nyandhak talêmpak aglis. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: wanèh nangis ririh. (kembali) |
24 | dyah (dan di tempat lain). (kembali) |
25 | kalangkung. (kembali) |
26 | sang ajurit. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: akêkêmbênan jingga tinêpi. (kembali) |
28 | ngisor. (kembali) |
29 | mênggah (dan di tempat lain). (kembali) |
30 | pêsu. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: amatèni Menakjingga. (kembali) |
32 | asta. (kembali) |
33 | asih (dan di tempat lain). (kembali) |
34 | sang (dan di tempat lain). (kembali) |
35 | sanunggal. (kembali) |
36 | lena. (kembali) |
37 | atinya. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata: yèn pêjah Damarwulan. (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata: kang yogya matènana. (kembali) |
40 | dinokok. (kembali) |
41 | sanggup. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata: ya akèh dènnya prasêtya. (kembali) |
43 | Kurang satu suku kata: mangke kawula ambile. (kembali) |
44 | anglindur. (kembali) |
45 | nèng. (kembali) |
46 | Kurang satu suku kata: sarirane andhêrodhok. (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata: polahe kang adhustha. (kembali) |
48 | angsal. (kembali) |
49 | Lebih satu suku kata: putri karo ingaras. (kembali) |
50 | Kurang satu suku kata: yèn mangke andika aprang. (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata: dika gitik pilingane. (kembali) |
52 | Pamênggêr (dan di tempat lain). (kembali) |
53 | mojar. (kembali) |
54 | Nayagenggong. (kembali) |
55 | Biasanya guru lagu a: Nayagenggong lan. (kembali) |
56 | santên kêkanil (dan di tempat lain). (kembali) |
57 | Lebih satu kata: gula lan santên kanil. (kembali) |
58 | digablogi. (kembali) |
59 | wahing. (kembali) |
60 | dinèlèh. (kembali) |
61 | Lebih satu suku kata: ananging gone kang sêpi. (kembali) |
62 | lêrês. (kembali) |
63 | Kurang dua suku kata: Ki Damarsasi wus mulih. (kembali) |
64 | juwadah. (kembali) |
65 | anyunggi. (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata: pangucape awor tangis. (kembali) |
67 | ora. (kembali) |
68 | tampa. (kembali) |
69 | Biasanya guru lagu a: mangkya. (kembali) |
70 | marwata suta (dan di tempat lain). (kembali) |
71 | jumênêngna. (kembali) |
72 | Tunggulmanik (dan di tempat lain). (kembali) |
73 | iku. (kembali) |
74 | titah. (kembali) |
75 | nyêpuhi. (kembali) |
76 | pêpanggih. (kembali) |
77 | balênyik. (kembali) |
78 | pandaming. (kembali) |
79 | Lebih satu suku kata: dadi pandam utama. (kembali) |
80 | Sabdapalon. (kembali) |
81 | prapta. (kembali) |
82 | ing. (kembali) |
83 | Kurang satu suku kata: eman têmên anandhang kanin. (kembali) |
84 | Lebih satu suku kata: nyawa sira tangia. (kembali) |
85 | têmên. (kembali) |
86 | waluywa. (kembali) |
87 | dosa. (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata: saking karsaning dewa bathara. (kembali) |
89 | anyakra. (kembali) |
90 | anyuku. (kembali) |
91 | ing. (kembali) |
92 | sotah. (kembali) |
93 | apituduh. (kembali) |
94 | saradula (dan di tempat lain). (kembali) |
95 | anggrayangi. (kembali) |
96 | wukir (dan di tempat lain). (kembali) |
97 | saengga. (kembali) |
98 | madya. (kembali) |
99 | jêblos. (kembali) |
100 | waja. (kembali) |
101 | Biasanya guru lagu a: Genggongnaya. (kembali) |
102 | thêthingkrang. (kembali) |
103 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: para nyai dangdan sampun. (kembali) |
104 | pinarada. (kembali) |
105 | Nayagenggong (dan di tempat lain). (kembali) |
106 | olih. (kembali) |
107 | êri. (kembali) |
108 | pating. (kembali) |
109 | cênggêrèrèt. (kembali) |
110 | nginggil (dan di tempat lain). (kembali) |
111 | Kurang satu suku kata: lir ciptaka minta riris. (kembali) |
112 | Kurang satu suku kata: sêkar pisang dika kakang. (kembali) |
113 | gumantung. (kembali) |
114 | primèn. (kembali) |
115 | balabag. (kembali) |
116 | Lebih satu suku kata: aja liyanan kang ngambah. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: ngrungu abaning gamêlan. (kembali) |
118 | nganggea. (kembali) |
119 | Kurang satu suku kata: sukur rinaksa dewa gung. (kembali) |
120 | ngandêla. (kembali) |
121 | Lebih dua suku kata: lêbur luluh pawèstri mangsa ngandêla. (kembali) |
122 | garoboh. (kembali) |
123 | sumaur. (kembali) |
124 | kuning. (kembali) |
125 | kulambi. (kembali) |
126 | Kurang satu suku kata: suka bungah kang tumingal. (kembali) |
127 | sêsêk. (kembali) |
128 | Kurang satu suku kata: Ki Pêngantèn Damarsantun. (kembali) |
129 | katêmpuhan. (kembali) |
130 | Variasi: ngonggo-onggo (dan di tempat lain). (kembali) |
131 | sabragada. (kembali) |
132 | longaning. (kembali) |
133 | linyok. (kembali) |
134 | awakcaa. (kembali) |
135 | Kurang satu suku kata: sami ginoco wong roro. (kembali) |
136 | misuwur. (kembali) |
137 | misuwur. (kembali) |
138 | loro. (kembali) |
139 | wani. (kembali) |
140 | Lebih satu suku kata: lawan karsane sang prabu. (kembali) |
141 | timbalaning. (kembali) |
142 | sarèha. (kembali) |
143 | pangajap (dan di tempat lain). (kembali) |
144 | mênggah. (kembali) |
145 | Lebih satu suku kata: ningali têtandhingan. (kembali) |
146 | paminggir (dan di tempat lain). (kembali) |
147 | sri. (kembali) |
148 | adhuhung. (kembali) |
149 | tinaturêngga (dan di tempat lain). (kembali) |
150 | wus. (kembali) |
151 | sitinggil. (kembali) |
152 | Lebih dua suku kata: lah mara wêdhung mami. (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata: yayi tan bisa. (kembali) |
154 | angrêribêdi (dan di tempat lain). (kembali) |
155 | Lebih satu suku kata: dulu Anjêsmara. (kembali) |
156 | Lebih satu suku kata: dhingin kula kawula sura mêrata. (kembali) |
157 | Lebih dua suku kata: kakang elinga kalih. (kembali) |
158 | larihi. (kembali) |
159 | banthènge. (kembali) |
160 | Lebih satu suku kata: angandika kang anèng ing made ratna. (kembali) |
161 | inya. (kembali) |
162 | nuli. (kembali) |
163 | Nama pupuh Mudha ini merupakan sejenis wangsalan untuk Sinom. (kembali) |
164 | kulesetan. (kembali) |
165 | ambêncung. (kembali) |
166 | nunggak. (kembali) |
167 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: sawanèh ana nunggak. (kembali) |
168 | agêndring. (kembali) |
169 | têtangganingwang. (kembali) |
170 | têbusên. (kembali) |
171 | tanpa. (kembali) |
172 | munggah. (kembali) |
173 | aliron. (kembali) |
174 | pêkên alit. (kembali) |
175 | Kurang satu suku kata: pêkên alit mêgat margi. (kembali) |
176 | Lebih satu suku kata: jalu èstri sami dulu. (kembali) |
177 | sênag-sênig. (kembali) |
178 | nglêliwati (dan di tempat lain). (kembali) |
179 | puri. (kembali) |
180 | tiga. (kembali) |
181 | sumunu. (kembali) |
182 | danawarih. (kembali) |
183 | sori. (kembali) |
184 | murtining. (kembali) |
185 | Lebih satu suku kata: dhuh dewane si kakang. (kembali) |
186 | Lebih satu suku kata: wis payu padha wisan. (kembali) |
187 | lurah. (kembali) |
188 | kusumaning. (kembali) |
189 | endrabuwana. (kembali) |
190 | gambir. (kembali) |
191 | sinambut. (kembali) |
192 | saisining. (kembali) |
193 | kang (dan di tempat lain). (kembali) |
194 | aglar. (kembali) |
195 | silane. (kembali) |
196 | tumungkul. (kembali) |
197 | kaêrèha. (kembali) |
198 | nênggih (dan di tempat lain). (kembali) |
199 | kadi. (kembali) |
200 | Kurang satu suku kata: babu inya timbalana. (kembali) |
201 | Kurang satu suku kata: Prabu Anom amuwus. (kembali) |
202 | Kurang satu suku kata: ya ta bubar kang sampun atampa putri. (kembali) |
203 | bungah. (kembali) |
204 | pamiyosing. (kembali) |
205 | lamun ora. (kembali) |
206 | purwa. (kembali) |
207 | mêngku. (kembali) |
208 | Kurang satu suku kata: ênggone mêngku nagara. (kembali) |
209 | Kurang satu suku kata: kawarnaa ki rêkyana patih. (kembali) |
210 | Kurang satu suku kata: lan saosa rêmbatan. (kembali) |
211 | dangdanan. (kembali) |
212 | Lebih dua suku kata: kawarnaa wus katur sang aji. (kembali) |
213 | yèn. (kembali) |
214 | munggèng. (kembali) |