Jaka Nastapa, Leiden University Libraries (Or. 2138), 1824, #1023
1. | Jaka Nastapa, Leiden University Libraries (Or. 2138), 1824, #1023. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Jaka Nastapa, Leiden University Libraries (Or. 2138), 1824, #1023. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Jaka Nastapa
--- 1 ---
1. Puh Asmarandana
1. ing kala wiwit tinulis | ing dintên Ngahad Paingnya | tanggal ping kalih likure | ing sasi Sêla sinêrat | Êdal ing tauneka | binabadan duk tinurun | bumi rana ardining rat |[1]|
2. purwakane kang ginurit | nênggih nêgorèng[2] Bragêdad | kang kocap ing caritane | nêgara gung tanpa sama | agêmah tur raharja [rah...]
--- [2r] ---
[...arja] | tulus kang saryya tinandur | karta-karti kang nêgara ||
3. nêgara pasir awukir | luhjinawi[3] ingkang desa | apanjang maring dawane | atêbih wawêngkonira | tan ana kang madhaa | awukir ngungkurkên gunung | pasir ngajêngkên samudra ||
4. bisikanira Sang Aji | Maharaja Suryyangalam | langkung gagah prakosyane | abagus maksih taruna | akathah rabinira | tinakutan [ti...]
--- 2 ---
[...nakutan] ing musuh |[4] ing sabrang myang tanah Jawa ||
5. sampun aputra sasiki | èstri ayune kalintang | lwir widadari warnane | têdhak saking suralaya | unèng[5] ing mêrcapada | sandyah[6] ayuning pinunjul | ulate agêtir kilang ||
6. èngsême apait gêndhis | wayahe patbêlas warsa | sêdhêng lagi biraine | wagêd lamun atênaga | yèn lêkêring wêdana | jaite netra sang ayu | kêmbar kalalyan ingbunya[7] ||
7. kala mangke sang suputri | dèrèng akarsa akrama | lagya mongmong sarirane | agung satriya anglamar | anak mantri punggawa | tanapi putraning ratu | akathah kang brăngta ngarang ||
8. nanging Dèwi Căndrawati | tinari krama tan arsa | pinaksa dera sang katong | nanging sandyah nora arsa | dadya mangke sang nata | tanpantuk dènira nantun | tansah dadi artatinya ||
2. Dhandhanggula
1. injing sang nata miyos tinangkil | pêpêk andhèr onèng[8] sitibêntar | sagunge wadya mantrine | punggawa sêk supênuh | kulamagang singanêgari | andhèr wong priyantaka | gandhèk martalulut | mantri anom jagasura | kulamandhung
--- [3r] ---
wong anirbinta tan kari | wong sèwu numbakanyar ||
2. wong panumping jajar wong pamiji | kawula gêdhong tata ing paseban |[9] nora na lali pêrnahe | para santana ngayun | jajar lawan rêkyana patih | laminira sang nata | sineba ing wadu | tan kadya mangke sang nata | wus alênggah anèng ing dhêdhampar rukmi | ingayap ing pawongan ||
3. jêjêl tanpa linggaran kang nangkil | kang angetan nandhês pajawahan | kang ngilèn nandhês masjide | angandika sang prabu | maring patih amangkubumi | hèh patih tutugêna | aturira mau | kyana patih awotsêkar | nuhun duka kawula atur upaksi | wontên cudaka prapta ||
4. nênggih utusanipun sang aji | kang ngadhaton ing Ngambarkancana | pun patih kilap damêle | angandika sang prabu | timbalana ing ngarsa mami | bocah gandhèg[10] dèn enggal | timbalana iku | utusan Ngambarkancana | tiyang gandhèk lumayu saking sitinggil | lampahe mamêndhapan ||
5. praptèng pagêlaran nulya angling | hèh utusaning Ngambarkancana | dawêg ingandikan [ing...]
--- 3 ---
[...andikan] anggèr | minggah ing sitiluhur | kang utusan tumulya kèring | sarwi mundhi nawala | wus prapta ing ngayun | utusan ngaturkên sêrat | sarya nêmbah tinampan dhatêng ki patih | katur dhatêng sang nata ||
6. kang nawala ulês sutra kuning | wus binuka sinukmèng wardaya | sawirasaning sêrate | bêbukaning ing ngayun | sapunika ungêling tulis | nênggih bakti kawula | katura sang prabu | sarta sêmbahe sang nata | kaatura dhatêng jêngira Sang Aji | ing Bragêdad nêgara ||
7. marmi kawula ngaturi tulis | wiyosipun dhatêng jêng sang nata | amanakawan yèn kangge | kawula ngawu-awu | yèn sang nata mangke nampèni | kula ngaturi brana | sajong sapêrau | sakêthi-kêthia Cina | dipun ènthèng rarane aba nêkani | awrata têtukonnya ||
8. amundhuta wilaba kang luwih | guru dadi kêlawan guru êbak |[11] pêtha kukila dèn akèh | kang kumrincing kumêrbut | yèn sang nata botên nampani | atur-atur kawula | punapa dèn jaluk | kandêlêna kuthanira | dèn temboka luhurna kang balewarti[12] | dèn ajro lêlarènnya ||
--- [4r] ---
9. nora wande besuk sun lurugi | ingsun gêmpur nagorèng Bragêdad | nganti sun boyong putrine | sampun winaca tutug | surat nuli binucal aglis | sapandurat tan mujar[13] | sada sêmu bêndu | wêdana bang winga-winga | jaja abrit kumêjud padoning lathi | tumêdhak sing dhêdhampar ||
10. jok tumurun saking ing sitinggil | ginarêbêg sagunge bêdhaya | sêkawan dasa sisihe | tur padha ayu-ayu | kang atapak sajari miri[14] | kang sapêkêk têngahnya | swarane gumruduk | kang atapih kakencongan | kang agêlung mayang mêkar amantêsi | ana kang gêlang[15] malang ||
3. Puh Pangkur
1. sigêgên mêne kocapa | nênggih wontên babagan ngilayoni | ana juragan winuwus | juragan ing Bragêdad | akêkasih Ki Juragan Warigaluh | sugih êmas lan salaka | sugih reyal lawan picis ||
2. nanging nora duwe anak | anèm mila malah tumêkèng kêring | dèrèng kongsi asasunuh[16] | langkung kapinginira | wus anandhêsakên sakyèhing dhêdhukun | prandene tan darbe suta | tuduhe dhêdhukun [dhêdhuku...]
--- 4 ---
[...n] sakti ||
3. prandene tan katarima | ki juragan munggah tumurun wukir | sing wong tapa dipun jujug | dipun têdhani sarat | malah lembak ingkang warni jambe suruh | lirna ingkang warni toya | jêjampi sampun angênti[17] ||
4. dèrèng wontên katarima | ki juragan kalangkung dènnya brangti | malah lêmês dipun urut | awake ki juragan | ngêtèkakên[18] reyal pirang-pirang atus | dèn gada jaluk usada | juragan pêgêl tyasnèki ||
5. ki juragan aris mojar | kaya priye bok juragan sun iki | wus apêgêl atiningsun | lunga jaluk têtămba | apa rika apa ingsun ingkang gabug | pindho gawe kawruhana | lêga rasane kang ati ||
6. yèn mangkono bok juragan | payo lunga apati-pati ragi | angur matia wana gung | wirang sapadha-padha | nadyan sugih yèn tan darbe anak putu | mênika laran kang raga | akèh karasa kang ati ||
7. sanadyan babo akèha | bocahira kadang warga lan bibi | măngsa padhaa lan putu | dhèwèk pangrasaningwang | alah payo dèn enggal padha anglangut | pirang bara amanggiha [amang...]
--- [5r] ---
[...giha] | pituduh saking Hyang Widi ||
8. adan mangkat ki nakuda | wong kêkalih tan ana kang udani | wus angangge tambal têpung | manjing ing wanawasa | tumurun ing jurang tumêka ing gunung | lali pangan lali nendra | sakêlangkung mati ragi ||
9. sami nanêdha ing Sukma | ki juragan dèn sêru lampahnèki | lampahe angujur gunung | wong tau mukti suka | bok juragan sukune pating palêpuh | malênthung sakênthang-kênthang | tapihe pating saluwir ||
10. awak lir cinakar dokan | rambutira kadi dipun pusoni | kacènthèl bandhil kakuwut | tan etang pringgabaya | jurang anjro[19] alêpitan atarêjung | datan anyiptaa gêsang | tan kandhêk lampaherèki[20] ||
11. parang rèngjèngalêpitan[21] | pringga jurang sela tumpang atindhih | tan kandhêk lampahe darung | marga tan kinabayan | kayu gurda agung ngungkuli dêlanggung | samara sumyak kanginan | angrok swarane sundari ||
12. lampahe sêmu kalêsyan | dadya raryyan onèng soring waringin | arsa angêrmakên suku | adangu dènnya raryyan | sarirane dèn angluh êmar alêsu | wantu têmbene lumampah |
--- 5 ---
sarira asawang mayit ||
13. saksana tumulya mangkat | lah ta payo dhingina sira nini | lêlana angur lumaku | iki ana aldaka | sun tingali awêrit pucuking gunung | baya ana wong atapa | tejane mancur kaaksi ||
14. murut cakraning gilingan | sun talika kaya sundhula langit | pantês pandhita linuhung | ingkang tapa ing sunya | nulya minggah marga iring anèng gunung | ataruntunan ing lata | rumangkang angambat siti ||
15. ya ta katrajang ampuhan | angin adêrês lisus awor lan riris |[22] udan adrês lir pinusus | gunung kaya rubuha | sela agung alit padha gumalundhung | kayu sapupu saêkol |[23] êsol bêdhol gumalinting ||
16. kayu kalih êkol rêbah | sêmpal suwak kayu sawêntis-wêntis | Ki Warigaluh abingung | nora wruh ing dêdalan | lanang wadon padha nangis arêruntuh | katisên adharodhogan | sambate amêlas asih ||
17. sakêdhap ampuhan sirna | udan atrang marga padhang kaèksi | dhempoke sang tapa lungguh | munggèng pucak [pu...]
--- [6r] ---
[...cak] andaka[24] | asri tinon marga tinundha ing watu | enggar tyasira juragan | lumampah tur mindhak-mindhik ||
18. bisane kang apratapa | tuhu wignya pantêse kang anêpi | kocapa sang apalungguh | pinarêk sabatira | mung kêkalih sabate kang anut pungkur | bisikane sang atapa | Bêgawan Lelatul Kadri ||
19. kêlangkung bêntur kang tapa | salir tapa sampun dipun lampahi | antun ta ngalêbu awu | nayara gêniyara | ngadhok[25] ngalong ambalot sampun atuwuk | tuhu sidik ing pangucap | têrus paningal sang tapi ||
20. sêdhênge pindha niskala | sang pandhita pitêkur saryya muji | datan ngandika adangu | sabat kalih angayab | tanpantara ngandika sang tapa lungguh | kono wèhana kalasa | ing mêngko ana têtami ||
21. tan adangu nulya prapta | ki juragan kalih lan rabinèki | sang pandhita pan sampun wruh | damêle sang nakuda | sang sudibya wau anapa rumuhun | nakuda lah marenea | alungguha ngarsa mami ||
22. Ki Warigaluh kacaryan | gawoking tyas dene têka udani | ki nakoda mundhuk-mundhuk |
--- 6 ---
sapraptane ngajêngan | angalosot lanang wadon awotsantun | langkung jrihe ki nakoda | maring mas timbul ing warih ||
4. Maskumambang
1. sang pandhita wau angandika aris | maring sabatira | ing kono wèhana gêni | lawan têmbakone pisan ||
2. lah bagea bapa ingkang lagi prapti | teja sulêksana | tejanira wong abêcik | lêksananira wong anyar ||
3. sapa sira jêbèng ingkang lagi prapti | ngêndi omahira | apa karyamu mariki | mêsakakên bapa sira ||
4. sun talika ki jêbèng sêmu prihatin | matur ki nakoda | kawula suhun kiyai | măngsaboronga sampeyan ||
5. sang sudibya angandika ing têtami | pendahe punapa | anyukli bramara[26] cari | amangan ing barêbêgan ||
6. yèn tan wruha maring sasêdyamu kaki | angur aja tapa | yèn nora wêruha gaib | kadar ramene pocapan ||
7. sadurunge jêbèng sira sun kawruhi | umahmu Bragêdad | sira kalêbu wong sugih | nanging sira miskin anak ||
8. sun talika sira kaliwat kapingin | arêp duwe anak | mêsakakên sira kaki [ka...]
--- [7r] ---
[...ki] | inggih lêrês sabda tuwan ||
9. botên sisip sarema sampeyan angling | sawitning kawula | kêlangkung dening kapingin | donya amba malah têlas ||
10. kula damêl angulati ing jêjampi | anging tan katrima | malah apêgêl kang ati | mila marêk ing sampeyan ||
11. angandika Bêgawan Lelatul Kadri | wus karsane Suksma | nora bakaling dumadi | kawula darma lumampah ||
12. ki nakoda aturira amlasasih | panêdha kawula | lamon botên asêsiwi | ya baya angur matia ||
13. angandika Bêgawan Lelatul Kadri | bapa anak ingwang | mêsakakên sira kaki | yèn mangkono lumajua ||
14. dèn aparêk ing mêngko sun bêbisiki | sok sih têmên-têmêna |[27] Allah Tangala nêmêni | lawas egale[28] kapêdhak ||
15. sang pandhita tumulya kesah anêpi | adan asêmbayang | ananêdha ing Hyang Widi | kalih rêkangat asalam ||
16. wus salam sasang pandhita nulya muji | sarta maca donga | wus bakda tumulya mijil | pinarêk ing pacabakan[29] ||
17. nulya mucang woh anom sang maha yakti | sampune amucang |
--- 7 ---
gantène nulya pinalih | sinungakên ki nakoda ||
18. ênyok iki kinangên sira sapalih | sapalihe ika | wèhêna rabinerèki | yèn wus tutuk[30] sira nginang ||
19. sêpahipun simpênên dipun abêcik | yèn ayun sanggama | padha kandhutên ing benjing | sa Allahu Tangala |[31]|
20. yèn kaparêng sira duwe anak benjing | lanang tur prawira | kinawêdèn ing sêsami | amarentah maring sira ||
21. anakira akèh daulate binjing | supamiktakana | bisuk anakira lair | aranana Si Nastapa ||
22. lah sun tundhung muliha sira dèn aglis | poma wêkas ingwang | aja sira mampir-mampir | têka andarung muliha ||
23. sêpah iku rêksanên dipun abêcik | aja sambêrana | ki nakoda awotsari | amba nuhun barkat tuwan ||
24. sabab donga sampeyan kawula têdhi | sang pandhita mojar | aja sira pindho kardi | wus age sira muliha ||
25. ki nakoda sumungkêm mangambung sikil | lawan rabinira | sampun sira atur pamit | kundur saking ing ngajêngan ||
26. wus tumurun saking arga lampahnya ris | ingkang dinalanan | iya margane rumiyin [rumiyi...]
--- [8r] ---
[...n] | sampun lêpas lampahira ||
27. lampahira lir jukung amanggih angin | kadi lêlayangan | pêdhot anut dening angin | samarga datanpa raryyan ||
28. kang dèn pundhi wêlinge sang maha yakti | jrih yèn malecaa | binantêr lampaherèki | tan aetang pringgabaya ||
29. tan kocapa lampahira onèng margi | sadina lumampah | mèh sumurup sang yyang rawi | wanci tunggang ing ancala ||
30. sarêng ngêrêp nakoda prapta nêgari | kang kari ing wisma | bocahe padha prihatin | gustine ical sasomah ||
31. sarêng bakda mahêrib nakoda prapti | ing wisma kapêdhak | bocah apadha prihatin | nakoda anjaluk lawang ||
32. padha kagèt bocahe tan ana pangling | mring bêndaranira | abane anjaluk kori | aglis nulya winênganan ||
33. botên nyana kiyai andika prapti | kawula kecalan | sadaya sami prihatin | dening botên apapoyan ||
34. saking pundi kiyai sampeyan wingi | mujar ki juragan | ingsun têka wukir wingi | lah bocah asêsajia ||
35. nyainira si dhenok iki angêlih | nulya sinajenan | wus adhahar
--- 8 ---
wong kêkalih | ing dalu mangke winarna ||
36. ki nakoda mangke arsa ayaktèni[32] | arsa asanggama | gantène wus dipun posthi[33] | angandhut saparo sowang ||
37. sampun sacumbana anulya sêsuci | seos rasaning tyas | beda lan uwange dhimin | baya iki katarima ||
38. lama-lama bok juragan agarbini | bungah ki nakoda | tanbuh rasaning tyasnèki | bungah amarwatasuta ||
39. tan kawarna laminira anggarbini | mèh prapta likira[34] | sampun jangkêp sangang sasi | jabang bayi nulya mêdal ||
5. Mijil
1. miyos jalu punang jabang bayi | warnane mancorong | tuhu lamon abagus rupane | sanêgara nora na nandhingi | padha jabang bayi | nyata yèn pinunjul ||
2. gumilang-gilang cahyanya wêning | kadi sukma katon | ingkang rama kêlangkung sukane | glis sinambut dinusan pribadi | dinadah pribadi | tan ngangge dhadhukun ||
3. datapintanên[35] sampun alami | wu[36] kalawon-lawon | ki jabang bayi aglis gêdhene | beda lan sakèhe rare alit | kang rama langkung sih- | ira maring sunuh ||
4. raina wêngi tansah
--- [9r] ---
sinandhing | miwah ingkang êmbok | sakalangkung sihe mring putrane | saya agêng punang jabang bayi | winewehan kêkasih |[37] Jaka Nastapèku ||
5. wayah bumèjèng-kèwèr[38] sang pêkik | bisa sacêlathon[39] | maksih pelo-pelo calathune | adadolan padha bocah alit | amojok pribadi | tuhu yèn binagus ||
6. sakèh bocah cilik atut wuri | maring ing sang anom | sok bocaha padha andhêdhèrèk | saya agêng bisa lunga têbih | tansah tinut wingking | dening bocah agung ||
7. saênggène dolan dipun iring | bocah cilik andhèr |[40] tan apurun jajar palinggihe | yèn raina jêjêl wismanèki | Ki Nastapa angling | maring ramanipun ||
8. besuk rama ingsun dadi aji | amarentah uwong | ingkang rama anêntak anake | bocah iki dalêmang-dalêming | ja mêngkono malih | bok ana angrungu ||
9. Jaka Nastapa angucap aris | si rama maido | lamon ingsun dadi ratu têmbe | ingkang rama wau mathêlêngi[41] | êndya bocah iki | têka andalurung ||
10. thole aja sira maning-maning | cêlathu mangkono | aja sira
--- 9 ---
galuwah-galuwèh | lah adana bocah akèh iki | dita[42] padha mulih | aja rubung-rubung ||
11. padha muliha ja mêmarahi | maring anak ingong | padha dolana ing omahmu dhewe |[43] mêngko sira padha dak sunati | yèn nora amulih | nonton maksih ngêtut ||
12. bocah akèh tan kêna pinênging | malah kaya kinon | padha aseba atapa dhèrèk | ki nakoda tansah muring-muring | bocah apa iki | têka padha bêrung ||
13. gawok tênagane aningali | maring bocah rêko | dening padha têka lulut kabèh | mring Nastapa kèdhêp ujarnèki | sakathahe rayyalit[44] |[45] datan wontên purun ||
14. sabên dina Ki Nastapa angling | marang bocah alon | sira besuk sun lungguhi lante | lamon ingsun bisuk dadi aji | sun gawe priyayi | ana ing wuriku ||
15. kang rama mirsa anuwalani | calêmang-calêmung |[46] bocah iki têka andaluwèr | pinênging saya ngakokakên ati |[47] arêp tak gitiki | anakku mung satu ||
16. ki nakoda dhodhog-dhadhog[48] ati | dadi apa ingong | lamon karungua ing wong akèh | masthi katur maring sri bupati | êndhas ingsun benjing |
--- [10r] ---
buh dadi sapikul ||
17. lan êdhase[49] biyangira benjing | lan sira dikêthok | lah adana si dubilah wewe | pêjuhing wong tan kêna pinênging | wusdene nak mami | buta ambragudul ||
18. anaking wong kênaa pinênging | aja rêraton |[50] jamak bocah gêgubugan bae | pipriyayin kaprah bocah alit | arêp dak sawati | babokane bêndu ||
19. wis ta poma aja maning-maning | calêmang-calêmung |[51] têka padha dêdolana bae | aja cok angaku dadi aji | dadi apa mami | tan wande dèn kêpruk ||
20. pirabara yèn ditaruk bukti | nora pati abot | bêkja yèn pukul pantat bae |[52] kawruhana bapa jaman mangkin | thithik maring aji | matur ing kumêndur ||
21. tan warnanên mangke wus alami | saya gêng sang anom | wayah pangon Ki Jaka gêdhene | Ki Warigaluh saya prihatin | dene anaknèki | sok angaku ratu ||
22. kaliwat gringe manaherèki | wêdi bok dikêthok | dene anake glis agêdhe |[53] sabên dina rinubung raryyalit | padha ngiring-iring | maring sang abagus ||
23. gêdhe-gêdhe saya wuwuh sigit | cahyane mancorong | kadya wulan [wu...]
--- 10 ---
[...lan] lagi purnamane | lurus saliranira aramping | kuninge dumêling | mêmêk remanipun ||
24. lindrining sadya asêpêt gêndhis | kadya sukma katon | kadi Nabi Yusup ing citrane | langkung sihe dhatêng yayah bibi | nanging mung sawiji | sok angaku ratu ||
25. pinênging-pênging nora marèni | sok angaku katong | malah kongsi binungkêm cangkême | lapak dening kakuning kang bibi | ya ta ramanèki | gunêm lawan ibu ||
26. kaya priye anakira iki | bêtah anyalêmong | nora kêna dèn gêrêngi bae | apa kudu mêlayu ginitik | arêp dak gêbugi | anakku lih nyatu ||
27. nora kaya bêjane wak mami | baya wus lêlakon | dhingin ingsun liwat kapingining |[54] duwe anak awêkasan mangke |[55] katêkana swiji | dadi gringe kalbu ||
28. baya wus lêlakone wak mami | anak-anak sitok | lêlawane andurakakake | apa duwe lara bocah iki | yèn mangkono nyai | ja sira katungkul ||
29. aja sira kapiênêng nyai | aduwe gagêcok | sira anjaluka jêjampine | anggolèka guna bisa nyai | anakira iki | bêtah anyalêmung ||
--- [11r] ---
30. ya ta ni juragan jalu èstri | lunga atêtakon | mring dhêdhukun anjaluk jampine | jaluk têtapa guna sakti |[56] dhêdhukun kang lêwih | ingkang dipun jujug ||
31. pambadhene ingkang alul tabit | baya anyalêmung |[57] pantês kalakon besuk ujare | mapan sami pambadhene tabit | nora duwe sakit | anakira iku ||
32. saya prihatin jalu èstri |[58] lunga atêtakon | para tabit padha pambadhene | sakyèh tămba ingkang adi-adi | ana warna wari[59] | ana jambe suruh ||
33. nora mari Ki Jaka dènnya ngling | cok angaku katong | saya akèh bocah ngêtutakèh[60] | saya gêdhe têka amantêsi | yèn dadia aji | pan nyata kêpaku ||
34. mendahane besuk yèn birai | lagyalit lir katong | gagah prakosa sêdhêng gêdhene | ingkang rama agunêm lan bibi | yèn mangkono nyai | anakira iku ||
35. sun buwange aja ngangèmpèdi | maring sira dhenok | ingsun iki babo wite-wite | têrsna[61] wêlas anak namung siji | olihe nanêpi | gantelane kalbu ||
36. bok nakoda ngucap èsmu tangis | bêkjane nak ingong | durung tuwuk si biyang sukane | baya wus janjinira Yyang Widi | sadèrènge [sa...]
--- 11 ---
[...dèrènge] dadi | wus kalêbu nguntung ||
37. sira apisah kalayan mami | êndi lihku tumon | maring sira nyawa adhuh lae | Ki Warigaluh gêrêngi rabi | wus aja baribin | angrungu anakmu ||
38. kinapakakêk[62] yèn sampun janji- | nira Sang Yyang Manon | kawlasana awakira dhewe | aja wêlas daginging adaging | endah bocah siji | mungpung durung katur ||
39. yèn wus katur dadi apa nyai | sira lawan ingong | nora wande tinuwêki kabèh | anak putunira dituwêki | lah karia nyai | pêgatên têrsnamu ||
40. mêngko sun apusane mêmancing | sagara sing adoh | aja nangis wis pupusên bae | pirabara duwe anak maning | wis karia nini | aja brăngta wuyung ||
6. Asmarandana
1. Ki Warigaluh mangkya ling | maring Ki Jaka Nastapa | sarwi kumêmbêng waspane | dèn samur-samur katara | dèn ucêk-ucêk pisan | api-api jaluk damun[63] | dinamon ing putranira ||
2. nulya angucap aririh | payo kaki mring sagara | padha amancing wong roro | sira anggawaa wêlah | lawan tawune pisan | layare ingsun kang mikul | lawan kamudhine pisan ||
3. salimare motên dhingin |
--- [12r] ---
lan gêgalarane pisan | jukunge padha sinèrèt | ya ta wus kambang ing toya | gawa sangu akathah | wus samakta nuli laju | kang putra wêlah ing ngarsa ||
4. kang rama ajuru mudhi | enjing kesahe ing wisma | ambajur[64] wawêlahane | aglis prapta ing muara | rèrèn amacêk tiyang | wusing labuh layaripun | nora bakta pajangkaran ||
5. sampun amasang kamudhi | Ki Warigaluh angucap | bari kumêmbêng waspane | lah thole juru batua | sira olaha layar | nanging poma wêkas ingsun | mêngko yèn wus babar layar ||
6. aja sira nulih-nulih | larangan wong mancing wagal | yèn nolih asêbêl bae | sadina măngsa uliha | mêngko sira nuliha | lamun lingsir kulon iku | kang putra matur sandika ||
7. ya ta binabar tumuli | kang rama bari mamêkas | poma aja cacêlathon | têka mênênga kewala | layar wus kinêlatan | Ki Warigaluh jok mudhun | sarwi nyarokkên baitra ||
8. usume timur angêrik | layare alus tur anyar | sumêrpêt[65] laju mangilèn | palayare saya nêngah | kang rama kantun dharat | anangis alulur [a...]
--- 12 ---
[...lulur] suku | lwir wong wadon sêsambatnya ||
9. ana ing pinggir kakisik | anake dèn ungak-ungak | layare katon satampèl | awêkasan silêm pisan | Warigaluh aniba | adhuh lae-lae adhuh | nyawa priye polahira ||
10. agagulung anèng siti | dhadhane dèn pala-pala | anggalolo sêsambate | tumuli mantuk agancang | sapraptane ing wisma | nuli aniba ing dalu | nora kongsi apêpoyan ||
11. rabine mèlu anangis | sêsambate mêlasarsa | dèn rontok-rontok remane | adhuh lae-lae tuwan | nyawa anak manira | tan dêrman ing awak ingsun | pêputra nora daulat ||
12. ingsun nora bisa kari | nyawa gawanên si biyang | tan wande edan anglamong | nyawa sapa ngilènana | êmas anak manira | wong abênthing wong abagus | katon yèn padha dêdolan ||
13. sapa nyawa sun tingali | sapa sun sajèni mangan | maring ing ngêndi parane | kaya priye polahira | kari onèng sagara | pantêse amangu-mangu | bari ngundang biyang-biyang ||
14. sigêgên ingkang prihatin | kocapa Jaka Nastapa | sapa[66] lêpas palayare | ombak kumbul ing
--- [13r] ---
samudra | akèh palya lumampah | alayar ngalor angidul | baitra kunthing misaya ||
15. sawênèh ana agiling | ing laut adhêdhayungan | rame padha tawur pèndhèk | gêgêdhoge asauran | kang mênang giyak-giyak | angajak akèn angêpung | kang sawênèh rêbut têndhak ||
16. palwa ngêlêm labuh têmbing | ana lagi buwang ubal | sami baitra cêcêmplon | arame arêbut papan | asuwar sinurawan | sawênèh lagi cêcurut | wong arèwèt ting karêdhap ||
17. swarane pating kurincing | padha ngunggahkên lêmadhang | wong ajala[67] juwi abyor | wong ing sabrang akèh pulang | tanapi wong rêrambang | alongkang asaba adu | padha alayar mêlamawang |[68]|
18. wong eretan lagi prapti | alabuh onèng muara | rame padha abêbagèn | bêbakule padha mara | bungah kang amisaya | katungkul dêlêng bêbakul | dèn unggahi ing Wêlanda ||
19. gègèr iwake dèn pêndhêti |[69] bêbakule ting balisar | awêdi mênèk dièprèt | wong amukêt lan malandhang[70] | akèh kang katingalan | ya ta laju layaripun | kathah baitra katingal ||
--- 13 ---
20. lêlancaran maragati | akèh labuh pagaweyan | konthing pêputihan abyor | kadi wancak sumaburat | cacêmplon lêlancingan | giyotan pragota sêlup | kèci kapal jêjagoan ||
21. ana alayar kumintir | wong Cina layare mutha | wong Kêling layare cindhe | wong Kamboja lagi prapta | layare madukara | wong ing Ngêrum lagya rawuh | layare sangkêlat abang ||
22. Ki Jaka kacaryan ngaksi | ningali palwa akathah | kang kapapag ing lampahe | yèn angucapa Ki Jaka | iki mêngko wus awan | si rama nora na kaju | ora na bane si rama ||
23. arêp sun tuliha wêdi | mau wêkase si rama | arêp sun undang awêdos | ya ta lêpas palayarnya | sampun silêm prawata | gunung kabèh tan kadulu | pulo akèh kang katingal ||
24. Ki Nastapa linge ngati | wayahe iki wis asar | dene nora ngajak rèrèn | kapan ane ulih ulam | têka layar kewala | prandene iki mèh dalu | ingsun tulihe si rama ||
25. mênèke rama aguling | eca dene lêlayaran | mêngko dak lirike bae | linirik datan katingal | nuli dèn tulih [tu...]
--- [14r] ---
[...lih] pisan | kang rama nora kadulu | gêgêtun Jaka Nastapa ||
26. adangu tan kêna angling | Rahadyan Jaka Nastapa | kêlangkung gêtun driyane | lwir tinêbak macan tuna | anglês sarira lupa | luncana drês saryyèng muhun | sêsambate mêlasarsa ||
27. tan dêrman ing awak mami | pisah ibu lawan rama | kang sinambat ing tangise | ibu tingalana ingwang | paran polah manira | adhuh ibu kula lampus | kantuna mukti wibawa ||
28. musik ing sanjroning ati | wau sira Radèn Jaka | ingsun ingapusan bae | depun[71] ajak mancing wagal | satêmah dipun bucal | yèn rinêksa awak ingsun | sapa kawasa angrusak ||
29. saya lêpas lampahnya ris | baitra lwir kuda ngêrap | tanpa parah-parah dyane | tan adangu kandhêk sigra | pulo têngah samodra | kêlangkung gênge kang pulo |[72] durmane Rahadèn Jaka ||
7. Durma
1. nulya mêntas nulya wau Radèn Jaka | midêr-midêr kakisik | amicorèng ing tyas | iki dudu dharatan | pulo iki sun arani | Ki Jaka mênggah | tan wande ingsun mati ||
2. wus pinasthi karsaning [karsa...]
--- 14 ---
[...ning] Yyang nora bakal | ingsun mati nèng ngriki | lamun ingsun rasa | pati kalawan brama | kang onèng bisa mèt margi | nadyan anaa | sajroning gêdhong wêsi ||
3. yèn anaa karsaning Yyang nora bakal | jodho mangkana ugi | êlêta sagara | pulo panggih wêkasnya | raka upamane iki | anglir kuliyang[73] | sanggon tumiba bêcik ||
4. nora beda dharatan lawan sagara | pulo lawan nagari | sapulo arêpa | mati ana ing wisma | yèn kudu mati wanadri | pan wus babahan | bêgja lara lan pati ||
5. yèn rinaksa sapa kang sanggup angrusak | iku wus dirah pati | ya ta Ki Nastapa | arip arsa anendra | êndi gèn ingsun aguling | nulya anêngah | pulo dèn jêlajahi ||
6. ya ta manggih wraksa gêng luhur satunggal | gênge kagiri-giri | êpange satunggal | kêna ginawe ledhang | pencokane manuk bêring | wastaning wraksa | aran kayu pohjênggi ||
7. gênge kayu lamun dipun idêrana | lêlampahan sêsasi | luhure kalintang | pucuke tan katingal | kalingan mega ing nginggil | prandene ika | yèn dèn encoki bêri ||
8. obah kabèh katut wite kayu ika | jalune kang sasisih | ambane rong dhêpa | pêpanganane
--- [15r] ---
gajah | yèn agêgêm papat sisih | lamun anglayang | mêndhung gêgan kaaksi ||
9. mila mangke gajah lamun ingajanan | jibrise mêndhêk aglis | langkung ajrihira | maring paksi bri ika | mangkana Ki Jaka ngaksi | mring kayu ika | agawok aningali ||
10. nulya mènèk kayu Ki Jaka Nastapa | ngambat sulur waringin | mapan kayu ika | katuwuhan karoyang | ambulu panggang waringin | wus prapta ing pang | atêturon tumuli ||
11. abaning pang sabêtahe kêbo pingkal | Ki Jaka arsa guling | nanging tanpa nendra | bêrbêgên[74] ngrungu syara | manuk kang pating caruwit | syarane ula | awor lan banaspati ||
12. suwarane gêndêruwo pating garobyag |[75] kêmangmang andamari | kêkêblêk wurahan | thethekan rame umyang | asêlur kang uci-uci | wewe nak-anak | syarane ting karintih ||
13. umyang gumrah setan ababêdhayan |[76] cicir kang dadi kangsi | kêkêblêk angêndhang | usus akuleweran | êndhas abang gumalindhing | gêgêmbung tiba | saking luhur pohjênggi ||
14. padha mudhun ingkang onèng dhêdhuwuran | aja ngungkul-ungkuli | bokne sira kuwalat |[77] iki Jaka Nastapa | ya ta sakèhe mamêdi | padha lorodan [lo...]
--- 15 ---
[...rodan] | wêdi ngungkul-ungkuli ||
15. padha lumayu adoh ingkang brakasakan |[78] gumrêrah pating jalêrit |[79] tinuntun kang wuta | dèn sèrèt katêragal | kang lumpuh dèn gendhong sami | ajrih marêka | sakèhe kang mamêdi ||
16. sampun sirêp swarane kang brêkasakan | wêtara lingsir wêngi | Ki Jaka Nastapa | dèrèng kongsi anendra | tan antara aningali | têngah samodra | ana murup lir gêni ||
17. saya minggir parane kang murup ika | wus prapta ing kakisik | mêntas maring dharat | saya parêk apadhang | yèn angucapa ing ati | Jaka Nastapa | apa marene iki ||
18. saya parêk amarani wite wraksa | jêrum sore pohjênggi | waspada tumingal | wau Jaka Nastapa | tiningalan cèlèng srênggi | murup apadhang | sasor kayu pohjênggi ||
19. kagawokan mau Ki Jaka Nastapa | ningali cènglèng[80] srênggi | gêdhene sagajah | cahya muncar apadhang | ing dharatan tan udani | kaya mangkana | cèlèng apa puniki ||
20. kwasa têmên bisa angambah sagara | apa cèlèng priyayi | bisa ngambah toya | kaya ngambah dharatan | ya ta kang cèlèng aguling | sabên anendra | sore kayu pohjênggi ||
21. lamon dalu cèlèng lunga amamăngsa | yèn mèh raina prapti | anuli [anu...]
--- [16r] ---
[...li] anendra | dangu dènira nendra | Ki Jaka tumurun aris | ngiling-ilingan | kang mawa murub iki ||
22. tiningalan kêkalung rante kancana | kang murup kadya api | ya ta Radèn Jaka | alon dènnya tumindak | cèlèng srênggi maksih guling | pangorokira | lwir galudhug kapyarsi ||
23. Radèn Jaka amicorèng jroning nala | eca têmên aguling | cèlèng srênggi sira | kaya kêna sun cidra | kalung cinandhak aririh | mring Radèn Jaka | nulya sinêndhal aglis ||
24. wus binakta lumayu rante kancana | kagèt pun cèlèng srênggi | tangi gurawalan | kalung rante tan ana | nulya sira aningali | jalma manusa | grêrêng[81] pun cèlèng srênggi ||
25. yèn wagêda ngucap cèlèng srênggi ika | dene asugih wani | manusa ta sira | kalung ingsun binakta | baya sira bosên urip | anaud sigra | Radèn Jaka tan kêni ||
26. pan amubêng onèng wite kayu ika | cèlèng srênggi krudha ngrik | nulya anêrajang | ngadêg Jaka tan kêna | dadya sira radyan mantri | wus de[...][82] rah pêjah | lumayu mring jêladri ||
27. cèlèng srênggi kêbad dènira nrêrajang | ya ta kabyur ing warih | cèlèng srênggi pêjah | kagyat Jaka Nastapa | ngambah toya anglir siti | Rahadyan [Raha...]
--- 16 ---
[...dyan] Jaka | lwir manggih madugêndhis ||
8. Dhandhanggula
1. Radèn Jaka Nastapa sukanti[83] | dening bisa ngabah[84] ing samodra | kalangkung bungah driyane | radyan alon amuwus | ingsun uga tan nyipta urip | sun sênggih kalêlêpa | pêjah dening ranu | têka sang cèlèng kang pêjah | yèn mangkono rante kancana puniki | kang amawi kawasa ||
2. milane bisa ngambah ing warih | baya rante iki kang amawa | mêngko wus ilang rantene | malêmbung onèng banyu | cèlèng srênggi têmahan lalis | tan bisa ngambah sêgara |[85] baya sampun untung | pitulunging Yyang maringwang | minargakkên sami-samine dumadi | ya ta rante kancana ||
3. anuli dipun damêl babênting | Jaka Nastapa anulya lumampah |[86] lunga saparan-parane | nora na kang jinujuk | anuruti lembaking kapti | ngambah têngah lautan | lampahe andarung | kadi angambah dharatan | liwang-liwung tan ana baya kaèsthi | onèng têngah samodra ||
4. nora ningali sawiji-wiji | dharatan gunung datan katingalan |[87] toya acêmêng warnane | ombaknya gulung-gulung | nora nana baitra kaksi | wong dagang wong alayar | tan ana kadulu | ombaknya ngêmbang gêlagah | asri tinon ulam lodan ting lênggirik | kadya ta gunung [gu...]
--- [17r] ---
[...nung] anak ||
5. nora nana katingala malih | amung ulam ingkang katingalan | saumah-umah gêdhene | lêmbora lawan dhuyung | gajah mina gagar angiring | maring kang ulam lodan | lwir gunung rêraton |[88] saya lêpas lampahira | liyêp lêngut tan pêgat èsthina[89] pati | tan wruh lor lawan wetan ||
6. kidul kulon pan nora udani | liwung tingale Ki Jaka Nastapa |[90] dadya saparan-parane | ênêngêna rumuhun | kang lumampah têngah jêladri | malih ana kocapa | nakoda ing Ngêrum | lunga dagang maring Yaman | baitra jong punika kang dèn titihi | alayar ing gêgana ||
7. lamat-lamat awor mega putih | kêlêmudan dening ima-ima | lir indrajala lakune | banjur palayaripun | nora mawi layar sawiji | ingkang minangka layar | kêpêt kuning luhung | milane ngambah gêgana | iya kêpêt minangka kasaktènnèki | kêpêt kuning binabar ||
8. yèn binabar ămba kêpêt kuning | muluk palayare kang baitra | lamon ciyut pambabare | ngèpèr[91] palayaripun | lamun kucup[92] kang kêpêt kuning | dadya ngambah ing toya | langkung saktinipun [sa...]
--- 17 ---
[...ktinipun] | mangkana ningali ngandhap | ki nakoda tumingal murup lir gêni | ngucap maring pandhega ||
9. hèh ki juru mudhi apa iki | tingalana ngandhap ana muncar | lwir urube gêni kue | yèn gênining wong prau | laut iki têlêng jêladri | tan kambah ing wong dagang | sabên-sabênipun | baya sagunge pandhega | sami mulat mangingsor[93] awas ningali | nyata yèn ana mubyar ||
10. para pandhega sadaya angling | tan kadugi kiyai kawula | nakoda aris wuwuse | maring ki juru batu | kuncupêna kakêpêt kuning | kinucupakên[94] sigra | kang baitra mudhun | angèmpèr lampahe palwa | ki juragan saya parêk aningali | awas paningalira ||
11. tiningalan kang ngambah jêladri | gêbyar-gêbyar bocah kang lumampah | wayahe lagya kumantèn | yèn angucap ing kalbu | apa êjin kang katon iki | lah batur awasêna | apa jin lêlaku | apa pêri prêrayangan | yèn êjina sun kêdhèpakên kaping tri | pasthi anuli musna ||
12. iki ta maksih katon dèn mami | maksih tapak awayang-wayangan | baya jalma dah luwihe | kawasa têmên iku | dening bisa ngambah jêladri | kaya [ka...]
--- [18r] ---
[...ya] ngambah dharatan | tur cahyane murub | lah payo pinarêpêkan | saya ngèmpèr baitra amarêpêki | kagyat Jaka Nastapa ||
13. yèn angucapa sanjrone ngati | Jaka Nastapa parau gagona[95] |[96] parane têka mangkene | lentang[97] eran[98] andulu | ingsun maring baitra iki | dening liwat kawasa | baya lèh pitulung | ing Yyang prapta mara ringwang | bagja kakmayangan[99] ana kang ingsun takèni |[100] dyan mangke pinaranan ||
14. kang baitra wus ngambang ing warih | Jaka Nastapa wus prapta ing kana |[101] karsane ayun têtakèn | punang adagang dulu | padha gawokira ningali | dubilah bocah apa | bisa ngambah banyu | sarta cahyane apadhang | baya iki anake wong apratapi | Nastapa nulya prapta ||
15. nulya prapta baitra tumuli | Jaka Nastapa têka nuli sila |[102] alinggih ing jêrambahe | nakoda mara gupuh | amanggihi kang wau kampir | alinggih yun-ayunan | nakoda amuwus | jêbèng teja sulêksana | tejanira wong anyar ingsun tingali | bêcik lêksananira ||
16. lawan sapa sinambat wêwangi | ing wuri kulup pundi kang pinongkang[103] |[104] ngajêng pundi sinadyane | lawan apa gawemu | Ki Nastapa aris [a...]
--- 18 ---
[...ris] nauri | kula wong tanpa bapa | nora duwe ibu | iya mêndhang kêbaratan | wong agabah kasawur akandhang langit | tiyang kakêmul mega ||
17. kidang mênjangan ingkang nusoni | mêrak ingkang ngêmuli kawula | alit mila wong tanpa gon | dêlap kang awèh juluk | wilangune kang amastani | kawula pun Nastapa | kyai marminipun | aminggah dhatêng ing palwa | sadya amba arsa atêtakèn warti | têlatahe nagara ||
18. ki juragan wuwuse aririh | e batur iki dudu wong ala | katarèng basa kramane | lan rupane pinunjul | cahya muncar padhang nêlahi | sarta amawi teja | manthêr yèn dinulu | ya ta ngucap Ki Nastapa | jêngandika kiyai wong agung pundi | dene langkung kawasa ||
19. ki nakoda wuwuse amanis | wong ing Ngrêrum[105] jêbèng wismaningwang | arsa mring Yoman sêdyane | adagang gaweningsun | jêbèng ingsun atakèn jati | aja abela tămpa | paran marmanipun | sira bisa ngambah toya | sajêg ingsun aurip durung ningali | kulup wong kaya sira ||
20. apa sabab dening apratapi | kulup apa ajèn-ajènira | pun bapa rêp wruh tuture | Jaka Nastapa muwus | bapa boten angaji
--- [19r] ---
nanging | amung rante kancana | kang kula ge sabug[106] | puniku kang mawi bisa | ngambah toya sakastène[107] rante puniki |[108] sampun warni manusa ||
21. nadyan sela sagêd ngambah warih | yèn sabuka kang rante kancana | kula gumantos atakèn | lah paran marmanipun | jêngandika kesah agrami | alayar ing gêgana | kawula dèrèng wruh | wong alayar ing gêgana | mung andika kiyai kang anglampahi | kang alayar gêgana ||
22. ki nakoda anauri aris | milaningsun bisa ngawang-awang | tan prabeda lawan kuwe | ana kasaktèningsun | kêpêt kuning kang sun simpêni | thule[109] lamon sun babar | palwaningsun muluk | alayar ing awang-awang | awor mega lamun sun babar sadhidhik | palwa ibêre ngandhap ||
23. yèn sun kucupakên[110] kêpêt kuning | yèn palwaku ngungkuli sagara | dadi nèng banyu palwane | yèn angungkuli gunung | myang dharatan têmahannèki | palwa kadhas[111] dharatan | nora muhung prau | sanadyan jalma manusa | anganggea bisa angambah wiyati | sanadyan satu khewan ||
24. yèn nganggea maring kêpêt kuning | pasthi bisa ngambah ngantariksa | yèn mangkono ingsun thole [tho...]
--- 19 ---
[...le] | arêp wruh ing rantemu | sun dêlênge sakêdhap mêngkin | Jaka Nastapa mujar | dawêg kyai katur | punika nênggih warnanya | ki nakoda gawok sarwi anampani | rante kancana muncar ||
25. nakoda ngucap rante puniki | sun cobane dak ngambah sagara | tuturmu sun yaktènane | Jaka Nastapa muwus | dawêk kyai dika yaktèni | ya ta punang nakoda | rante dèn go sampun | nulya mudhun mring samodra | ki nakoda wus bisa angambah warih | papêlayon nèng toya ||
26. nêngah minggir nakoda abali | mring baitra pan sarwi angucap | nyata yèn kawasa jêbèng | ênya kulup rantemu | yèn sira wèh ingsun picisi | sèwua rong èwua | ingsun kang atuku | angucap Jaka Nastapa | botên suka punika pati lan urip | saduka-duka dika ||
27. dhatêng kawula nuhun kiyai | nadyan dika tumbasa salêksa | sakêthi kula tan awèh | puniku dadya suku | angrencangi pati lan urip | mujar kyai nakoda | iya bênêr kulup | tan prabeda kêpêt ingwang | dèn tukua sakêthi tan awèh kami | bêtul lu punya kata ||
28. Jaka Nastapa amuwus aris | kawula kyai [kya...]
--- [20r] ---
[...i] arsa ambancana |[112] ajêng uninga warnine | kêpêt kang dika tutur | ki nakoda amuwus aris | iya dèn sabar uga | yèn sira rêp wêruh | lah bocah juputên enggal | kêpêt kuning ingkang sun wadhahi pêthi | si kulup rêp uninga ||
29. sampun jinuput ingkang kêpêt kuning |[113] katur mring ngarsane ki nakoda | juragan aris ujare | lah iki kêpêt ingsun | Ki Nastapa gawok ningali | dening kêpêt murwendah | Nastapa amuwus | sarwi anampani kipas | yaktos luwih kêpêt andika kiyai | dede damêlan Cina ||
30. sajêk kawula boten ningali | ingkang kados kêpêt jêngandika | juragan silip tingale | Jaka Nastapa gupuh | sabuk rante dipun kêncêngi | sarwi mancat baitra | anjok maring banyu | Nastapa malayu gancang | ki juragan kagyan[114] sapandheganèki | gagêtun tanpa ngucap ||
31. lênguk-lênguk angêmut jariji | wêkasan mujar ngudubilah setan |[115] kêna dèn bujuki rare | budhal jaga tatêlu | si binantang[116] anake anjing | mancuri kipas saya | bêtul tidhak tau | apa êlu bukan urang | puki maknya si anak sundêl ciwahi | mudhak têlulu
--- 20 ---
bisa ||
32. apa ingkang sun gawe nututi | dhayung layar ingsun ora gawa | adhuh biyung kaya priye | margane ingsun mantuk | baya sampun janjining Widi | ingsun darma anggadhah | pinasthi ing untung | pandhega matur sêdaya | kadospundi akal puniki kiyai | ulih maring dharatan ||
33. ki juragan ngucap sêmu tangis | batur ingsun nora duwe akal | bula amota kêkadhèn | kênèng dèn sambung-sambung | yèn mangkono pra sanak mami | padha awêwudaa | domana bêbêtmu | maski sabuk maski sruwal | maski kopyah padha têpungên dèn bêcik | padha ginawe layar ||
34. ya ta padha wêwuda tumuli | sabuk kopyah sruwal lan saptangan | sami dipun jèwèr kabèh | jidhul pating garandhul | nora nana kobêr dondomi | pijêr agalêgêsan | sawênèh amuwus | si tumpur butune bêlang | kakènamu aja andhodhok ing wuri | butumu olih pantat ||
35. wus paragat gènira dondomi | landheyan tumbak padha inguyunan |[117] dipun damêl pêkakène | sabuk padha dèn putung | dipun damêl têtalènnèki | sampun sami [sa...]
--- [21r] ---
[...mi] samakta | nulya dipun ambo |[118] binabar nulya alayar | sadyanipun arsa rêramu anêmbing | mèt wraksa ngungkur riya ||
9. Pangkur
1. nêngêna punang adagang | kang kocapa Ki Nastapa lumaris | kadya jukung manggih timur | lwir lêlayangan pêgot |[119] lampahira Nastapa saya andarung | datanpa raryyan satindak | tan ana sinadyèng ati ||
2. yèn kêsêl ngambah sagara | Ki Nastapa ambèbèr kêpêt kuning | muluk mring gêgana langut | yèn kêsêl ngambah wiyat | mudhun malih angambah sagara agung | lamon akarsa adhahar | mampir pulo kang arêsik ||
3. rondhon kang lêmês dhinahar | yèn anendra ana ing pulo ugi | pirang dina laminipun | Nastapa nèng sagara | kalih taun lamine midrê anglangut | salawase ulih kipas | kuning sampun kalih sasi ||
4. dèrèng amanggih baitra | wong adagang alayar tan amanggih | kèwêdane manahipun | di gèn ingsun têtanya | pira bêtahane lumaku ing laut | bosên mindhuwur mangandhap | arêp wruha ing pasisir ||
5. priye margane wruha |[120] sapa ingkang anuduhakên mami | sun arah-arah rong taun |
--- 21 ---
nora manggih dharatan | baya sampun pinasthi dadi wong laut | ya ta parmane Yyang Sukma | Nastapa wus aningali ||
6. palya alayar anunggal | kang baitra kapal mêhêng kaaksi | layare mutha kumêndhung | enggar Jaka Nastapa | aningali baitra nuli jinujug | sadyane arsa têtanya | punang adagang ningali ||
7. kagyat sapandheganira | aningali gêbyar-gêbyar lwir thathit | angucap juraganipun | batur kêlaban apa | gêbyar-gêbyar mancorong lamon sun dulu | batur dèn sami prayitna | mênawi kêlaban kawis ||
8. saya parêk Ki Nastapa | ki juragan ngucap ing juru mudhi | dudu kêlaban ing kayu | dudu kêlaban karang | sun tingali mêrene mrêmongmongipun | batur padha awasêna | apa kang mêrene iki ||
9. ingsun pan ora anduga | saya parêk sami awas ningali | yèn manusaa lêlaku | angambah ing samodra | kêthip-kêthip cahyane muncar sumunuh[121] | gawok sakèhe tumingal | padha jêngêr tan kêna ling ||
10. juraganipun angucap | hèh wong batur manusa sun tingali | labuhêna prêraumu | dimone ika munggah | pan marene ingkang alêlaku iku | ya ta sampun [sa...]
--- [22r] ---
[...mpun] labuh jangkar | Jaka Nastapa marani ||
11. wus munggah Jaka Nastapa | mring prêrau sarya basa gulamit | juragan aris amuwus | bagus para linggiha | wus alungguh wong dagang jêngêr andulu | dene cahyane gumawang | nakoda anapa aris ||
12. ki anak tigas kawuryan | sapa sintên kang sinambat wêwangi | têmbe manira andulu | êndi pinăngka para | kang sinadya ing ngêndi paraning laku | pun bapa sun jatènana | paran karsanira mampir ||
13. angucap Jaka Nastapa | wong tanpa gèn idêran wus alami | botên darbe yayah ibu | saênggèn amba nglayang | apan kadi lêlayangan tanpa kênur | tan uning purwa duksina | idrêran sangkaning alit ||
14. marmita kawula minggah | dhatêng palwa jêngandika kiyai | sumadya anêdha tuduh | talatahe dharatan | pan kawula puniki wus kalih taun | wontên sêgantên kewala | kapengin uning nagari ||
15. kiyai wasta kawula | pun Nastapa dêlape kang mastani | juragan wêlas angrungu | mêsakake ki anak | lah ta bapa ingsun atanya satuhu | mulane sira kuwasa | bisa angambah jêladri ||
16. apa kasantikanira | Ki Nastapa mujar inggih kiyai | rante kawula ge sabuk |
--- 22 ---
singgih rante kancana | mila kula sagêd angambah ing banyu | lan malih kawula tanya | jêngandika tiyang pundi ||
17. baitra andika kapal | băndha dalêm agung nawrat[122] banawi | kawula eran andulu | dening tan ambabêkta | bêdhil waos botên wontên kang kadulu | miwah kang awarni pêdhang | tulup panah lawan tapsir[123] ||
18. têka botên bakta pisan | jamakipun tiyang lampah agrami | ambakta gêgaman agung | nadyan baitra moyang | yèn usume bajo yakti bakta tulup | waos pêdhang tapsirneka | suligi lêmbing tan kari ||
19. dika kalangkung pracaya | Ki juragan Basir amuwus aris | ing Surati wismaningsun | adagang maring Sêlan | Ki juragan Basir anak juluk ingsun | mulane ingsun ki anak | tan bakta gêgaman siji ||
20. tan prabeda lawan sira | padha duwe kasaktèn siji-siji | karoreyan gawa tulup | bêdhil aguladrahan | kang sun andêlakên amung kêris ingsun | têtilaripun si canggah | tumurun marang ing kami ||
21. wus katok[124] kasaktènira | malah mêngko maksih sêkti kang kêris | luwange dhingin pan tutur | yèn amanggih drigama | ing dharatan miwah ing arungan agung | kinêpung musuh atembak |
--- [23r] ---
wong salêksa kanan kèri ||
22. aja salêksa rong lêksa | dèn kêpunga wong pirang-pirang kêthi | dèn kêpunga ratu sèwu | nora maras kang manah | yèn wus ngagêm dhuwung têtilare buyut | kêrigên wong sanêgara | têka wani ngêdêk kami ||
23. yèn sun unus kêris ingwang | susah-susah nyuduk ingman[125] kang kêris | sun tudingkên bae gêmpur | tumpês kang pêmbarisan | wong sêjagad sudingana[126] mêsthi gêmpur | kasmaran Jaka Nastapa | mwarsa[127] ture Ki Basir |[128]|
24. Juragan Basir angucap | sun dingoke bagus rantemu iki | sun yaktènane rantemu | ngucap Jaka Nastapa | dhatêng katur tumuli acucul sabug | rante kancana gumêbyar | katur mring Juragan Basir ||
25. padha gawok kang tumingal | maring rante kancana tuhu adi | Ki Basir nampani gupuh | sarwi sira wêcana | pantês lamun kaya tuture si bagus | sun cobane mring sagara | uga mênèk ngapiranti[129] ||
26. pantêse ambêlês kewala |[130] daulatan wus inganggo aririh | ya ta ki juragan mudhun | mindhik-mindhik mring toya | dèn asarasa atos wani lumaku | nulya lumaku agancang | anêngah sangsaya wani ||
27. lumayu minggir anêngah | wus anêngah nuli abali [a...]
--- 23 ---
[...bali] malih | wus munggah maring prêrau | ki juragan angucap | nyata kawasa rantene si anak bagus |[131] yèn awèh manira tumbas | pira jine sun picisi ||
28. nadyan salêksa rong lêksa | lamun asung manira kang micisi | Jaka Nastapa amuwus | alim dalêm kawula | inggih rante puniku tilare buyut | tanpa mangan tanpa nyandhang | botên kula gingsir-gingsir ||
29. Juragan Basir angucap | nêdha anak yèn tan suka binêlir | Jaka Nastapa amuwus | kiyai dhuwung dika | gih punapa wrênine kula ayun wruh | kang wau andika sanjang | punapa bedane kêris ||
30. kang mawi mandi punapa | yèn pinajang langkung ngingdab-idabi[132] | mendahane sami dhuwung | têka kacèk lêksana | Ki Juragan Basir alon dènnya muwus | bocah jupukên dèn inggal | kêrisku kang onèng pêthi ||
31. ya ta jinupuk saksana | katur ngarsanira Juragan Basir | nyoh iki bagus kêrisku | lah mara tingalana | mênèk sira manggih tondhe-ondhenipun[133] | durung bisa nangguh reyang | tangguhên dipun nyêplosi ||
32. Jaka Nastapa atămpa | dhuwung sarya depun iling-ilingi | dhuwung cahyane sumunuh | beda lan dhuwung kathah [ka...]
--- [24r] ---
[...thah] | tulis pamor awilêtan yèn dinulu | murut sacokra[134] gilingan | pucuke krêris tuhyadi ||
33. angucap Jaka Nastapa | botên uning tangguhipun kiyai | katariwêng tangguhipun | Ki Basir sira ngucap | cacak para badhenên sapangwruhmu |[135] dèn gêmên[136] sira mariksa | êndi tanahe kang kardi ||
34. Jaka Nasapa[137] mariksa | dhuwung gêmêt dipun iling-ilingi | juragan aris amuwus | baktanên mring kang padhang | bokmênawa kene pêtêng anak bagus | awasêna dèn apadhang | Jaka Nastapa lingnya ris ||
35. inggih kiyai kawula | maksih katariwêng tangguhe kêris | kawula wasne rumuhun | ing prênah kang apadhang | nulya dhuwung binakta mring jaba prau | sarwi andêdêl trataban | anjok tumurun ing warih ||
36. lumayu Jaka Nastapa | ki juragan kagèt sabaturnèki | gagêtunipun kêlangkung | sapamucang tan mujar | awêkasan angucap sarwi mêmisuh | êlah kakènamu pêcat | bocah edan si pênyakit ||
37. nora nyana têmên ingwang | dening bocah têka bisa bêlantik | bujuk busèt gajah gêru | lumayu gancang-gancang | balikêna [balikê...]
--- 24 ---
[...na] krisku ninèkamu tumpur | ki juragan ngungak-ungak | babo wus adoh si baring ||
38. kayaparan polah ingwang | kêris ingsun sapa ingkang ngilèni | padha dene batur-batur | sêngong kambi abidak | nora nana duwe dêduga pakewuh | padha kaya asu edan | padha wong tanpa pikir |[138]|
39. bature padha angucap | buh jawane dika iki kiyai | mundur kadi wong abingung | kêna diapus bocah | ki juragan bêrbês mili lêngak-lênguk | nora kaya bocah ika | bocah cilik anggambuhi[139] ||
10. Wirangrong[140]
1. nêngêna Juragan Basir | kang wau kari andongong | kocapa Ki Jaka kang lumayu | pan sampun atêbih | dadya lon lampahira | kalangkung bungah ing nala ||
2. angucap sanjroning ati | wus bakjane[141] awak ingong | ulih dhuwung endah baya sampun | kamurahaning Gusti | marga saking ki juragan | ingsun ngunduri diwa ||
3. têka mangke ulih kêris | mandi amatèni uwong | genjong lae paman | nora janggrung lèlès gulaganthi | bêlok-bêlok nora sawah | nora ngipi nora nyana ||
4. lêpas lampahe lumaris | dharatan [dharata...]
--- [25r] ---
[...n] mèh katon | gunung wus katingal | saking laut lamat-lamat kaksi | pulo kèh katingalan | enggar Ki Jaka Nastapa ||
5. binandêr nglampaherèki | aningali gunung katon | amicara ing tyas | baya mêngko ingsun wruh pasisir | ika gunung katingalan | pantêse ika ing dharat ||
6. andarung lampahira ris | gunung wus katon abethok | apa katingalan tuhu bagus | sangsaya aminggir | lampahe Ki Nastapa | dharatan amagêr rusak ||
7. angrasa kêsêl lumaris | ing banyu gya radèn anom | muluk ing gêgana awor kukus | saryya miling-miling | awor lan mega duta | ya ta Ki Jaka Nastapa ||
8. kêsêl angambah wiyati | arsa tumurun sang anom | tumulwa[142] anglarab | lwir andaru cumlèrèt kaaksi | lêpas pangèmpèrira | sumiyut lir mimis tiba ||
9. anulya angambah warih | Ki Nastapa awas tumon | baitra akathah onèng laut | kang palambu kèci | sêlup pragota wangkang | atembak onèng samodra ||
10. lêpas lampahe lumaris | palwa wus tan ana katon | aminggir saksana karsanipun | mêntas ing pasisir | wus prapta [pra...]
--- 25 ---
[...pta] ing dharatan | tumingal babadan anyar ||
11. ajêmbar nandhês pasisir | pagagane asri katon | kang tinanêm ika | pala gantung pala ing jro bumi | anangkêp warna-warna | kang tinandur onèng gaga ||
12. Jaka Nastapa marani | kagawokan dènnya anon | babadan ajêmbar sakêlangkung | yèn angucapa ing ati | wau Jaka Nastapa | pira kèhe kang ababad ||
13. baya ta wong sanêgari | ababad panyananingong | dening sakalentang jêmbaripun | saurut pasisir | nandhês wus kababadan | tan ana kêkayon kocap ||
14. dora kaduga ing ati | babadan lamon sun dêngok | pantês pakone ka[143] tuwan kumêndur | babadan puniki | dening jêmbar kalintang | sapandêlêng lor lan wetan ||
15. kang kidul mangkana ugi | kang ngulon gawok tyas ingong | dening nora nana jalma kaèksi | kang babadan ana | babadan kewala | gubug wisma tan katingal ||
16. dadya wau dèn parani | arsa agalèka[144] uwong | arsa atêtanya sadyanipun | lampahe lumaris | pagagan kang dinalanan | kacarywan Ki Jaka mulat ||
17. pagagan asri amahi | sêmăngka sagênthong-gênthong | kêrai kêtela | lawan timus kacang cina asri | kênthang lagi angêmbang | pigir[145] [pi...]
--- [26r] ---
[...gir] tinanduran kacang ||
18. angrawe lunge kacipir | kadya napa mring sang anom | êlunging kêkara sri kadulu | wohnya nurut uwit | kêkara wêdhus amyang | angrawit wohe katingal ||
19. saksana amanggih margi | tilase tapake uwong | tinut saparannya ya ta dulu | wisma lit sawiji | ingubêngan turi bang | pisang agung angayangan ||
20. salire pisang mêpêki | gêdhang mas lan gêdhang ambon | saba sagraita wor kêluthuk | lan raja walingi | gêdhang gêgabu amyang | gêdhang bawèn lagya kêmbang ||
21. Jaka Nastapa lumaris | prapta ing natar sang anom | kang adarbe wisma pan kêpangguh | alinggih pribadi | nora na rowangira | kang adhukuh wus atuwa ||
22. remane sampun aputih | wajane akèh aboyong | wus apêthak gigir wungkuk | jajenggot ngulasir | wus pelo calathunya | nanging maksih aprakusa ||
23. alinggih angadhêp gêni | badhiyange marong-marong | anyandhing padudan | lan têmbako adhidhis akêsak-kêsik | yèn watuk nuli riyak | cêkèh-cêkèh udud mênyan ||
24. kagyat si kaki ningali | yèn ana bocah andhodhok | aglis dipun sapa pundi kulup [ku...]
--- 26 ---
[...lup] | êntute sumêblung | wêtawis ping suwidak | sang anom mèngsêm tumingal ||
11. Sinom
1. ki putu para linggiha | ing kene dipun abêcik | wus linggih Jaka Nastapa | ki tuwa amuwus aris | bageya putu mami | manira tambêk ki putu | ing ngêndi wismanira | sapa wêwanginirèki | lan ing ngêndi ki putu sinadyanira ||
2. angucap Jaka Nastapa | tan ana sinadyèng ati | nuruti ambêk lêlana | tanpa kadang sanak bibi | wisma tan andarbèni | saênggèn-ênggèn anglangut | tan uningèng kawitan | wikan awon wikan bêcik | nama kula kaki pun Jaka Nastapa ||
3. marmane mampir kawula | dhatêng dhukuhira kaki | arsa atêtanya marga | kang dhatêng ing pan nêgari | kula bosên kiyai | alit mila wontên laut | ajêng uningèng raja | kapingin wruh ing priyayi | kaki tuwa angucap sanjroning nala ||
4. ki putu lamun sun wangwang | sêmune amriyayèni | dudu uwong ala-ala | katêngrê pasêmonnèki | lan cahyane dumêling | murub cahyane ki putu | sarta amawi teja | ki tuwa amuwus aris | lah ki putu êndi marganira prapta ||
5. lamon sira adharata | pan alas iki awrêrit | èwêt kalamon ingambah | nora na margane jalmi |
--- [27r] ---
mung sato ingkang wani | angambah kene ki putu | yèn sira baitraa | puniku kenging |[146] pan agampang yèn mêtu saking sagara ||
6. Ki Nastapa saurira | kawula mêdal jêladri | ki tuwa aris angucap | yèn sira mêtu pasisir | dene nora na kaksi | baitranira ki putu | mau ingsun lêledhang | pasisir nora ningali | ing baitra agêng alit nora nana ||
7. amung wau kang katingal | ana murub ing jêladri | mrêmongmong kaya pawoka[147] | nora suwe mêngko iki | ingsun lagya alinggih | sira putu nuli rawuh | mujar Jaka Nastapa | tan anitih palwa kami | pan lumampah kewala kaki kawula ||
8. ki tuwa kagèt miyarsa | dora sêngara ki bayi | wong bisa ngambah sêgara | utawi ta ing bênawi | ingsun wus kaki-kaki | umur ingsun wulung puluh | taun dèrèng tumingal | amirsa pa[148] dèrèng ugi | wong malêbu sagara ki putu kaprah ||
9. sira putu bisa dora | tan sêmbada lawan budi | kapaido tuturira | Ki Jaka Nastapa angling | punapa ta kiyai | yèn dika maibên tutur | nanging kula tan dora | ki tuwa amuwus malih | wong amasthi dèn maido sira dora ||
10. Ki Jaka Nastapa ngucap |
--- 27 ---
kawula takèn kiyai | anêdha sih jêngandika | pundi wastane puniki | tumut laladan pundi | ki tuwa aris sumaur | ingaran Tasikarga | laladan ing Saribumi | milanipun ingaran Tasikprawata ||
11. gunung anjog ing samodra | Nastapa atakèn malih | babadan anyar ajêmbar | sapa sintên kang babadi | punapa wong sabumi | kinêrik babadan agung | dening jêmbar kalintang | ki tuwa amuwus aris | ingsun dhawak ki putu ingkang ambabad ||
12. baya ngangge rewang pisan | saambane alas iki | ingsun dhawak kang ababad | Jaka Nastapa nauri | bahong sunggu kiyai | orang kêri tidhak patut | têrlalu kabohongan | jangan kata-kata lagi | dhêstak sunggu kyai bulihnya prakata ||
13. kyai trêlalu bisa |[149] saya abêkatar tadhi | dhinamai turang dhustak | sêkarang kyai sêndhiri | buatan dhutak lagi | ki tuwa bongal amuwus | ki putu amaidya | mangke sun wêcani jati | susah-susah lamun ingsun ababada ||
14. buh eman-imani[150] tangan | kurang gawe nyangking kudhi | ki putu wêruhanira | ingsun putu duwe kudhi | taratang[151] tuhu sakti | gawok sira yèn sun tutur | sajêmbare kang alas | saurut pasisir iki | kudhi trangtang ki
--- [28r] ---
putu kang babad dhawak ||
15. babadan sukuning arga | iya kudhi kang babadi | kayu sapupu satangan | saêkol rong êkol kaki | dèn babadi pribadi | nandhês kayu urut gunung | mujar Jaka Nastapa | saya garoh si kiyai | êndi ana kudhi bisa babad dhawak ||
16. midêra rong èwu dina | măngsa ta anaa kudhi | bisa ababad piyambak | pandhe pundi kang akardi | pantêsipun kiyai | kang agawe pandhe Kudus | pelotan kurang waja | ki tuwa nêntak sarya ling | dene mau wus pambadhene si setan ||
17. mênèk amaido sira | mêngko tingalana ugi | pan mêngko maksih ababad | mêngko dhak[152] kudange mulih | ki tuwa ngundang aglis | kaluke[153] dèn cêluk-cêluk | kudhi taratang pulang | adha urang dhapêt sini | mau liyat sabêntar lah lêkas pulang ||
18. jangan kêras-kêras babad | baiknya ulu bêrênti | ya ta kang kudhi tarantang | miyarsa tumulya mulih | praptèng ngarsa tumuli | Jaka Nastapa gagêtun | sapamucang tan mujar | ningali kudhi alinggih | gêbyar-gêbyar cahyane kudhi tarantang ||
19. yèn ngucapa Ki Nastapa | pantês tuture si kaki | nora maido manira | ki tuwa amuwus malih | dêlêngên sing abêcik [a...]
--- 28 ---
[...bêcik] | ujarmu gaweyan Kudus | dudu punapa nyata | Ki Jaka Nastapa angling | wite kula kaki duwe kasantikan ||
20. rante kancana punika | sawabe agung kiyai | bisa angambah sagara | kaya wong angambah siti | kula wus kalih warsi | angambah têngahe laut | ki tuwa aris mujar | nora ngandêl ingsun bênthing | êndi ke dak dilênge[154] rantenira |[155]|
21. ya ta ki Jaka Nastapa | nguculi sabuk tumuli | rante kancana sinăngga | murub muncar cahyanèki | kaki tuwa tanpangling | gêgêtunira kalangkung | angucap kaki tuwa | nyata tuture si bênthing | durung ngandêl ingsun yèn durung karuwan ||
22. lamun awèh ingsun coba | sun yaktènane sadhidhik | Ki Jaka Nastapa mujar | dawêk andika yaktèni | ya ta ki tuwa aglis | rante nulya dèn ge sabuk | enggal maring sagara | anêngah lwir ngambah siti | papêlayon onèng têngahe sêgara ||
23. ki tuwa langkung kacaryan | kêrasan angambah warih | wus minggir nuli anêngah | wus nêngah aminggir malih | mêntas tumulya bali | ki tuwa aris amuwus | bagus payo icalan | rante kanca lan kudhi |[156] ingsun dhêmên adadolan ing sagara ||
--- [29r] ---
24. Ki Jaka Nastapa mujar | kawula damêl punapi | jaluk măngsa ababada | măngsa dhêdhukuha kami | ki tuwa angling aris | nora amung babad kayu | sakalwire drigama | kudhi wani ambabadi | upamane sira nêmua prakara ||
25. onèng banjaring abanjar | dèn kêpunga wong sakêthi | nadyan wong sèwu nagara | caluk konên amêrangi | lêbur ingamuk kudhi | aja walangati bagus | mujar Jaka Nastapa | yèn dika akajêng kaki | maring rante kawula dhatêng sumăngga ||
26. mênawi andika dora | gêguyon bae kiyai | ki tuwa lingira mujar | baya goroh êdhah-êdhih | yèn awèh mungpung enjing | aku arêp maring laut | Jaka Nastapa mujar | sing sapa cidra kiyai | sampun slamêt sing sapa anyidranana ||
27. ki tuwa aris angucap | jangan êlu walangati | mêski maputungan ayam | bêsumpah sayah bêrani | Jaka Nastapa angling | kiyai amit katèngsun | kesah saparan-paran | andika kantun basuki | kaki tuwa angucap lah lumarisa ||
28. lèngsèr Ki Jaka Nastapa | lampahe wau lumaris | kudhi tarantang nèng wuntat | datan purun anglancangi | maring bêndaranèki | ki
--- 29 ---
tuwa ingkang winuwus | têtêgar nèng sagara | têtêgar nêngah aminggir | wus adangu kêsêl mêntas nèng dharatan ||
29. apikir sanjroning nala | yèn sun rasa-raswèng ati | têka amung mangkenea | buh gawene sun arani | sêpala asilnèki | têka amung ngambah banyu | ginawe lunga dagang | datan ngangge palwa malih | momotane sakêlare kang nganggoa ||
30. iya ta sêpala uga | yèn arêp mikula kami | baya kudu dêdangan |[157] nanging sun rasa ing ati | tan ana asilnèki | lêhêng silih kudhiningsun | apa sun arsa-arsa | ki tuwa lumayu aglis | anututi sarwi cêluk-cêluk sira ||
31. kongsi ngulung ingkang syara | lah putu mandhêga dhingin | Jaka Nastapa miyarsa | kandhêk dènira lumaris | ki tuwa nulya prapti | pangucape gathul-gathul | ki putu wurung ingjol[158] |[159] nora awèh kudhi mami | sira gawa ênyok iki rantenira ||
32. ya ta Ki Jaka Nastapa | aris dènira nampèni | dhatêng ing rante kancana | nulya dèn gawe bêbanting | Ki Jaka ngucap aris | mring kudhi tarantang wau | ingsun wis prajanjeyan | sapa linyok tan basuki | mêngko iki ki tuwa kang gawe ala ||
33. angowahi pangubaya | kudhi tarantang dèn aglis |
--- [30r] ---
tugêlên gulune ika | kaki tuwa dimèn mati | kudhi tarantang aglis | ki tuwa tinrajang sampun | wus tugêl gulunira | ki tuwa sampun ngêmasi | sinambêran ing paksi dhangdhang wurahan ||
12. Dhandhanggula
1. Radèn Jaka Nastapa lumaris | jurang sêngkang ingkang dinalanan | tan kandhêg lêpas lampahe | anut ngiringing gunung | marga sonya kang dèn lêbêti | nusup lir sata wana | kacènthèl kêkuwut | rema kadi winusonan | lwir cinakar dokan pasarirannèki | kari gagra usika ||
2. munggah ing arga nut iring-iring | kajêng gurda angungkuli marga | rêjasa onèng têpine | randhu alas lan kêpuh | lan bobohan kadhawung sênting | dalingsêm lawan ancar | darwak walikukun | mindi lawan sêkar pêthak | kajêng wungu sêkarnya marêbuk wangi | rinubung ing bramara ||
3. syaraning rêngih angisêp sari | awor ing jarahan anut ing marga |[160] nglungkari[161] sinjang angêne | aja wor lan andharu | têpine we panjalin asri | ampiji babar mayang | asri yèn dinulu | bakung lan têtara warsa | săngga kasa awilêt saruni kuning | wêdanane wilêtan ||
4. pacing srigugu [sri...]
--- 30 ---
[...gugu] awor sagani | têpus warsah satêpine karang | rumêmbês ing parang rèjèng | wong arumpuk andulur | wong antêlêng lawongan tali | sêkarnya sri asinang | miwah wong asantun | wong arăngdha kandhuyuhan | sêmpol kuning ajajar têpining warih | kêmumu lan kêkaja ||
5. alon lampahe dènira lumaris |[162] Jaka Nastapa katiwang-tiwang | andulu buron arame | gêgarangan têrgalung[163] | walang kapa kêlawan bajing | padha sêsiwo nèng pang | polahe kayuyun | lutung kêrah onèng êpang | pangidhêpe wau kadya anênami | maring kang wau prapta ||
6. Jaka Nastapa mèngsêm aningali |[164] kewan iki kadya ngidhêp jalma | tuhu kayu polahe |[165] bunglon kadya anguwuh | dènnya cêluk kapati-pati | kawal onèng dêdalan | ing upamanipun | yèn wonga kadya lêlungan | sasêmayan rowange depun antèni | kadya tingkah mangkana ||
7. tigang dina ana ing wanadri | tanpa bukti pan ora anendra | tan anadhah tan arèrèn | manah saya kadaud | ibunira karoswèng ati | muwah sih ramanira | katon ing jro kalbu | wus siyang aris lumampah | alolonan andarung lampaherèki | lunga ngidul angetan ||
8. Ki Nastapa wau aningali [a...]
--- [31r] ---
[...ningali] | marga agêng aradin katingal | tilase kambah wong akèh | amicorèng tyasipun | baya iki margine jalmi | tilase kuda kathah | iki marga agung | tapake jalma akathah | pantês iki marga kang dhatêng nagari | tilase wong akathah ||
9. ya ta Ki Nastapa dyan lumaris | anut marga kang dhatêng nagara | kalunta-lunta lampahe | ênêngêna rumuhun | wontên malih gantine kawi | gêgêmpalaning crita | nênggih kang winuwus | wontên ta malih kocapa | ingkang aran nagara ing Saribumi | nagara gung ajêmbar ||
10. bisikanira sri narapati | Raja Sepodin jêjulukira | tuhu lamon ratu gêdhe | gagah prakosya luhung | tur bêlaba asih ing dasih | adil tur palamarta | ajrih mring Hyang Agung | anêtêpi ing agama | nora sêla bêktine maring Hyang Widi | asih pêkir kasihan ||
11. kala ing mangke sri narapati | kapêtêngan ing badra irawan | kalangkung prihatin tyase | dening kinêpung musuh | ratu kapir kang andhatêngi | ratu sèwu nagara | kang angêpung wakul | kula wus binayang[166] mangap | pan kinadhok sakêboning Saribumi | wus kèdrêran ing mêsah[167] ||
--- 31 ---
12. tanpa wilangan ratu kang prapti | pan sadaya angêpung ing kitha | wontên dene nagarane | ratu kang dadya tunggul | ing Ngabêsah lan ratu mêrgil | lan ratu benjing mara | padha ratu agung | iku padha lêm-ulêman | angulêmi anênggih sri narapati | Ratu Ngambarkancana ||
13. rumuhun sampun anglamar sang putri |[168] ing Bragêdad nora tinampanan | kalangkung dadi galihe | arsa kesah anglurug | ing Bragêdad nulya tuk warti | yèn ana putri endah | ayune pinunjul | alah Sang Putri Bragêdad | tuhu luwih sang putri ing Saribumi | lwir widadari kendran ||
14. warnanira pan asalin-salin | yèn anginum katon lêr-êlêran | adhahar katon sêkule | sri nalendra kapincut | maring sandyah kalangkung brangti | mendahe uningaa | lagya myarsa tutur | langkung brangtine sang nata | nadyan sade[169] angluruga ing sang aji | mring nagorèng Bragêdad ||
15. siyos lêlamar maring ing Sang Putri |[170] Saribumi sampun aputusan | katur yèn angêmbun sore | tinampik dèn Sang Prabu | Saribumi pan ora apti | mapan ta Ratu Kupar | iku marminipun | tan alami para nata | sèwu nagri anglurug ing Saribumi | kitha sampun kèdêran ||
16. padêdesan miwah têpisiring [têpi...]
--- [32r] ---
[...siring] | binahakan kêbo sapinira | dèn pêndhêt nra[...] bene |[171] bèbèk ayam wus gêmpur | dom tikêle sampun abêrsih | bêras pari dèn rayah | wong wadon dèn êmput | gègèr wong paminggir desa | gêdhe cili[172] lanang wadon padha ngili | angungsi dalêm kitha ||
17. gègèr gumuruh kawula alit | padêdesan san sampun ingobongan |[173] wong desa wus ngili kabèh | kang kêcandhak ing musuh | wong lanange dipun bêstani | arosa pinêjahan | wong desa kèh gêmpur | wus katur maring Sang Nata | Saribumi lamon musuh agung prapti | kitha sampun kinêpang ||
18. wadya pinapag dènira sang aji |[174] wong ing Saribumi krig sêdaya | tuwa anom cilik gêdhe | ingadu aprang cucuh | sabên dina tandhingan jurit | rêsak bala sang nata | pan karoban musuh | mantri punggawa kwèh pêjah | nulya kundur sang nata atutup kori | dening kagêngan mêsah ||
19. musuh kapir anêsêk kang prapti | tanpa wilangan ratu ingkang prapta |[175] lwir sagara rob bêlèbèr | dhatêng sukuning gunung | kaèbêkan musuh kang prapti | tan ana agas kocap | kanggenan ing musuh | lirna kang onèng sagara | sêsêk jêjêl baitra kang onèng pasir | kadya wong mupu
--- 32 ---
dana ||
13. Asmarandana
1. Sang Nata ing Saribumi | miyos sineba ing bala | pêpêk sabala mantrine | dêmang arya senapatya | răngga lan kandhuruwan | ngabèi lawan tumênggung | andhèr onèng sokasana ||
2. jêjêl sagunge anangkil | tan kantun para pinutra | santana asowan kabèh | tanapi kang mantri jaba | bêbêkêl lan lêlurah | patinggi desa supênuh | andhèr onèng pangurakan ||
3. ingandika maring ngarsi | Ki Apatih Mangku prapta | trangginas apapêlayon | prapta ngarsa mamêndhapan | mêndhêk sarya wotsêkar | angandika sang aulun | e ta patih kaya ngapa ||
4. dene musuh agung prapti | angêpung ing kuthanira | lah ta patih kaya priye | ing wingi padha ayuda | ora akèh kang rusak | kang sira adu lan musuh | ki apatih atur sêmbah ||
5. kawula nuhun sang aji | jrih kula yèn tan munjuka | dhatêng paduka sang katong | abdi dalêm kathah rêsak | akathah ingkang pêjah | kang mundur anandhang tatu | tan ana măngga puliha ||
6. mêsah dalêm sri bupati | mangke amarêk ing kitha | kawula prangi saking jro | kula uncali gurnata | gurnata napi lela | kawula mriyêm kèh
--- [33r] ---
lêbur | mêsah sampeyan sang nata ||
7. lêbur kula gutuk api | gègèr pondhoke kabranan | gêsêng kênèng mêmarêcon | amalês mêsah sampeyan | ambêdhil saking jaba | pan bêdhilipun pan jitus | dhatêng kumrusuk kewala ||
8. botên ngobêri sang aji | pambêdhile mêsah Kupar | kadi jawah ing tibane | ijab wong sèwu nagara | yèn ta sampun kandêla | kitha sampeyan sang prabu | kados rêbah sinanjata ||
9. sang prabu ngandika aris | dhatêng Patih Mangkubumya | hèh apatih kaya priye | têlasêna budinira | puhên para punggawa | para arya lan tumênggung | muwah bêbêkêl lêlurah ||
10. ingsun nora angarani | bêcik wong kere pra corah | cêcèkèr longane bale | cok uga patih sanggupa | amapag ing sang nata | agêdhe ganjaran ingsun | ingsun pasrahi nagara ||
11. lawan arabia putri | agêlunga kêkêlingan | jumênênga prabu anom | dalêma saloring pasar | nabuha Lukanata[176] | ingsun ambêgawan besuk | anyangking kudhi dhadhêkah ||
12. mangkana rêkyana patih | amit nêmbah nulya mêdal | pinarêk [pinarê...]
--- 33 ---
[...k] pagêlarane | nimbalakên pangandika | mantri lawan lêlurah | tinantun tan ana purun | amêsah dhatêng sang nata ||
13. muwah sakwèhe wong cili | nayaga lan kapêdhêkan | pêkathik pangarit kabèh | singa kang ambangkat karywa | angundurakên mêsah | ginanjar dera sang prabu | kinèn atămpa nagara ||
14. lawan arabia putri | agêlunga kêkêlingan | jumênênga prabu anom | anabuha lokanănta | sang nata ambêgawan | anjaluk saubing payung | iku undhange sang nata ||
15. tan idhêp wong cukit dulit | mêski wong kumbah kêrakah | cêcèkèr lan longan bae | wong ala-ala tan ketang | sang nata tan uninga | cok uga ngundurna musuh | nagara kasrah sadaya ||
16. sadaya asaur paksi | sagung kang onèng pasowan | gumuruh tunggal saure | pribadi lamon puruna | tumplêk wong sanagara | parandene botên purun | ajêng lanjaran kewala ||
17. botên purun mapak[177] warih | ki patih matur sang nata | munggah mring sitibêntare | praptèng ngarsa atur sêmbah | angandika sang nata | hèh patih priye aturmu | wong Saribumi sadaya ||
18. matur ki rêkyana patih | abdi sampeyan [sampe...]
--- [34r] ---
[...yan] sadaya | pan sami tunggal ature | sadaya atur têtêkan | botên purun mapaga | dhatêng mêsah sang aulun | suka lamon pêjahana ||
19. èmêng tyasira sang aji | sapandurat tan ngartika | mênggah dèn usap jajane | wêkasan aris ngandika | hèh patih ngularana | sraya manawa na sanggup | amapaga parangmuka ||
20. liyane wong Saribumi | ki patih matur anêmbah | anuhun duka sang katong | suka sampeyan bandhêma | kandhaga ingkang awrat | gandringên dhuwung pukulun | anêmbung tadhah wêdana ||
21. kadospundi sri bupati | antuk angulari sraya | kitha wus kèdêran kabèh | lor kedul[178] mêsah ayutan | kalèn[179] tanapi wetan | mêsah ambaran kèh rawuh | angandika sri nalendra ||
22. kawusane Saribumi | wong adagang wong alayar | kang padha kabutuh kabèh | padha undhangana patya | ing sayêmbaraningwang | mênawa uga asanggup | tanapi wong pakauman ||
23. padha undhangana patih | wong pakauman sadaya | dhawahêna pangulune | kêtib modin marbot pisan | santri lawan kalipah | mênawa ana kang sanggup | wantu
--- 34 ---
kaum kèh dowanya ||
24. adangu sri narapati | sinowan ing sokasana | nulya bubar angêdhaton | ki patih kantuna undhang | akon ngulari sraya | sinêbyar[180] sabalanipun | sami angulari sraya ||
25. wus bubar sagung kang nangkil | sami mantuk sowang-sowang | ana loji gilirane | wênèh kêmit pêrapatan | sawêne[181] rêpot pisan | lalar jawi kitha agung | tan kobêr ngulari sraya ||
26. ana kesah angulari | srayaning nora kapêdhak | wong dagang ngundhangan kabèh | sadaya pan tinantunan | tan ana sumanggupa | onèng petaking parau | juragane nulya mêdal ||
14. Mijil
1. kang kocapa putri Saribumi | putraning sang katong | Dèwi Sarirasa rum-arume | tuhya ayu pasaja mantêsi | lwir Sang Dèwi Ratih | saking swarga nurun ||
2. jatmika antê[182] sêmunya lungit | cahyane mancorong | lwir mas sinangling sandyah salirane |[183] citraneka pan asalin-salin | saèngsême manis | bisa gawe wuyung ||
3. ulate sandyah asêpêt gêndhis | lwir angêmu juruh |[184] tuhu ajêng wasis salir gawe | nênun limar sinambi ambathik | anyongkèt utami [uta...]
--- [35r] ---
[...mi] | wagêt nênun gantung ||
4. sêsulaman kambang wus angênting | [...] wening wong |[185] nora nana kang dèn kewuhake | ngalualam sinambi anyungging | cêcêlêpan wasis | nyongkèt nyoban putus ||
5. papêradan sandyah wus angênting | dondomane kaot | ngantih alit pan pinunjul dhewe | pan sacabe satugêl gêngnèki | angaji abangkit | Kuran sampun putus ||
6. kit usul durat bayan tasdik |[186] sitin wus dèn waos | pan sadaya kitab apil kabèh | miwah sastra Jawa sampun ngênti[187] | sandyah ngandika ris | dhatêng inyanipun ||
7. mêngko biyang sun tutur-tuturi | uni bênge engo | angliyêp sadhela nora asuwe |[188] turuningsun nora kongsi lali | têka sun angipi | biyang mau dalu ||
8. ipèningsun katibanan sasi | purnama mancarong[189] | anibani pangkon ingsun dhewe | êmban inya sami matur aris | ipèn dika gusti | langkung saenipun ||
9. sawus ingsun aningali sasi | ana manuk mencok | tuhu endah kang paksi ulêse | têka mencok anèng pangkon mami | ingsun cêkêl kêni | suwe-suwe mabur ||
10. gagêtun ingsun biyang kêpati-pati |[190] dene manuk mencok | nuli mabur malih buh parane | lagi ingsun kadhêmên ing bibi | lagya ingsun kanthi | mibêr [mi...]
--- 35 ---
[...bêr] maring luhur ||
15. Kinanthi
1. nêngêna kang brăngta wuyung | kocapa kang onèng wukir | sira Ki Jaka Nastapa | sampun tumurun sing wukir | ningali marga apadhang | marga kang dhatêng nagari ||
2. dadya nurut marga agung | lampahira sang apêkik | sangsaya kalunta-lunta | wana gunung wus kawuri | dadya lêpas lampahira | ya ta sira aningali ||
3. pakêkuwoning wana gung | mungguh sasukuning wukir | lir sagara rob balabar | gumuruh syaraning jalmi | awor panjrite turăngga | liman gumrah swaranèki ||
4. gumuruh swaraning tambur | awor lan swarane bèri | kêndhang gong saruning[191] umyang | kadi babolna[192] pratiwi | lwir abêdhah akasa |[193] kadi ngrubuhêna wukir ||
5. Ki Jaka Nastapa mangu | lampahe kabunton margi | kèmêngan ing nalanira | angunadika ing ati | êndi marga ngong lumampah | lih ingsun marang nagari ||
6. wong paran ikang[194] sun dulu | padha amandhok[195] onèng ngriki |[196] gumrêrah tanpa rungrungan | malah ngalèbi wanadri | lor kidul wetan pan samya | apêtêng datan kaèksi ||
7. ing kulon pantês kadyèku | nora kaduga ing ati | apa iki wong pêrangan | pantês iki musuh prapti | tunggale kang nèng samodra | baitra kang sun simpangi ||
8. priye gèn ingsun rêp wêruh | dhatêng kêraton ing ngriki | ingsun arêp maring kitha | marganing kadhangan biting | emut Ki Jaka Nastapa | yèn anggadhah kêpêt [kê...]
--- [36r] ---
[...pêt] kuning ||
9. binabar saksana muluk | Nastapa dêdêl pratiwi | muluk anggayuh akasa | angambah wadya wiyati | midrê-midrê kaya undar | awor lawan mega putih ||
10. miling-miling kadi jangkung | mulat ngingsor aningali | musuh lir sagara lumrah | lor kedul wetan prasami | kulon musuhe bêlabar | lirna kang onèng jaladri ||
11. Nastapa ebat andulu | dene musuhe ngêbêki | saksana nuli anglayang | lwir pendah tibaning mimis | kadi andaru gêbyarnya | kumilat lir pendah thathit ||
12. wus andhap awas andulu | ana pêpanggungan kaksi | yèn ngucapa Ki Nastapa | gubuk apa katon iki | apa gubuge wong gaga | prayoga ingsun ampiri ||
13. mêngko sun anjaluk tutur | sun akulak warta jati | saksana nuli tumêdhak | anuju panggungan rukmi | angadêk ngarsaning sandyah | kagèt sakwèh kang ningali ||
14. sang putri tan kêna muwus | gêgêtunira tan sipi | êmban inya sami mulat | sadaya tan kêna angling | ningali kang wau prapta | awor kasmaran ningali ||
15. Jaka Nastapa gagêtun | ningali wanudya luwih | ingayap sami wanudya | Nastapa cêngêng tan angling | kacaryyan dènnya tumingal | lênglêng kasmaran ing ati ||
16. yèn angucapa tyasipun | nora kaya ingsun iki | têka maring pêpanggungan | nora nyana nora ngipi | mêngko ingsun ulih lara | kasiku [ka...]
--- 36 ---
[...siku] têmahan mami ||
17. arêp atêtakon ingsun | iki padha wong pawèstri | isun[197] ta iki wong lanang | sayaktine padha isin | wêkasan kèndêl kewala | nora muna nora muni ||
18. sang raja dèwi gêgêtun | dhatêng ingkang wau prapti | yèn angucap ing wardaya | wong apa baya puniki | têka maring pêpagungan[198] | tanbuh sangkane si baring ||
19. wong iki lamon andulu | têka gèndèng-gèndèng ati | ngêndi omahe Si Jênat | sêmune anjatmikani | pêsaja lamon sun wangwang | dene wani maring ngriki ||
20. baya iki wong kêpaung | arêp ingsun têtakèni | awirang dening wong lanang | sun iki dening pawèstri | katon sundêl pêlanyahan | anyapa kakung apêkik ||
21. yèn sun nêngêna wong iku | paran wêkasane iki | sandina[199] măngsa lungaa | lak kaprah tataning jalmi | kang duwe omah anapa | wus jamake wong sabumi ||
22. iki biyang wong linuhung | katara pasêmonnèki | lan cahyane sumamburat | têkane saking wiyati | kèn êmban matur sambada | sampeyan sapa tumuli ||
23. pangraos kula balilu | ipèn sampeyan ing latri | kang wau sampeyan pajar | puniki jêbule gusti | katon katibanan wulan | nyata puniki wong lêwih ||
24. katon kaencokan mangnuk[200] | inggih têtami puniki | sangkane botên karuwan | lir paksi upamanèki | dawêk gusti dika sapa | sampun ngagungakên [ngagung...]
--- [37r] ---
[...akên] dhiri ||
25. alon sang putri amuwus | anapa maring sang pêkik | bagus teja sulêksana | tejanira wong abêcik | lêksananira wong anyar | sapa sintên kang wêwangi ||
26. ing ngajêng pundi jinujug | pundi pinangkaning wingking | manira tanbêt tênaya | Jaka Nastapa lingnya ris | rada sêmu kaedanan | myarsa wuwuse sang dèwi ||
27. kawula gusti wong ayu | wong idêran wus alami | tiyang mêndhang kêbaratan | wong gabah kasawur gusti | kandhang langit kêmul mega | wong aliyang mibêr gusti ||
28. mêrak kang nusoni mring sun | mênjangan ingkang ngêmuli | saênggèn-ênggèn amayang | dêlape kang amastani | kula pun Jaka Nastapa | tan wontên sinadyèng ati ||
29. sang putri angrês tyasipun | myarsa wuwuse sang pêkik | nalane kadi kinuncang | lir tan sajiwa sang putri | kadi pêri putri tiba | ing sela pyur tanpa budi ||
30. murca nalane sang ayu | kadi wong kêna ing dhèsthi[201] | sandyah aris awêcana | mulane rika mariki | têka maring pêpanggungan | amarani wong pawèstri ||
31. apa rika ora wêruh | lamon iki dalêm puri | baya nora atêtanya | wong pantês dibalangjati | angkuhe kaya sinihan | wani-wani mring jro puri ||
--- 37 ---
32. kumawawa si kêpaung | têka marani pawèstri | iki sih omahe sapa | têka rika wani-wani | baya nora kulak warta | lamun ingsun nini putri ||
33. Jaka Nastapa amuwus | jangan gusar-gusar nyai | saya ini mentak maab | saya tidhak tau nyai | kalu ini ruma raja | sunggu tidhak tau nyai ||
34. sang putri mèngsêm amuwus | Ki Jênat dudu wong Jawi | baya iki wong Mêkasar | têka ora idhêp kami | cêlathune Ki Mêkasar | baya iki kuli-kuli ||
35. pantêse budhag[202] kumêndur | kang aduwe kuli-kuli | tênagane kumawawa | wani-wani mring pawèstri | gumuyu Jaka Nastapa | tan sêrik dèn jar-ujari ||
36. alim dalêm sandyah ayu | yaktos kawula kang sisip | nanging ngapuraa dika | dahad katambêtan kami | sang ayu tan awêsana | mungkur pan sarwi angliring ||
16. Pangkur
1. sandyah aris awêcana | iya silih sira iki wong Jawi | dene calathune mau | kaya wong Bogis edan | panggènira têka malêbèng kêdhatun | nora dêduga prayoga | kumawawa kaduk wani ||
2. sumangkeya[203] wong kuwasa | ngandêlakên baguse wong puniki | marene apa dèn luru | mujar Jaka Nastapa | botên langkung apuntên dalêm [dalê...]
--- [38r] ---
[...m] wong ayu | mila kawula mring pura | kasasar wiyose gusti ||
3. kawula wau duk prapta | onèng jawi kitha kabunton margi | kadhangan gêgaman agung | dadya kawula nyimpang | pan kêsasar aminggah dhatêng ing panggung | sun sidhêp gubuk wong gaga | botên nyana dalêm puri ||
4. sandyah kularsa têtanya | botên sadya amarani pawèstri | nanging ngapuranên maskun | saking sisip kawula | lamon dika pêjahana kula lampus | mèngsêm sang raja juwita | lwir kilat kincange alis ||
5. iya sun apura jênat | sadosane kathah ingsun alingi | nanging ana ujar ingsun | tulungên kuthaningwang | nagaraku kinêpung ing ratu sèwu | sinambung ing Ratu Kupar | iya marga saking kami ||
6. Ratu ing Ngambarkancana | kawitane anglamar maring mami | tinampik dera sang prabu | dening ingsun tan arsa | alakia wong kapir sun palaur lampus |[204] dadya mangke linurugan | ratu sèwu ingkang prapti ||
7. si rama aduwe undhang | sayêmbara sing sapa ingkang wani | amangguta[205] ratu sèwu | kang ngundurêna pisan | pan ginanjar nagara jumênêng prabu | bêcik wong cora pracorah | sanadyan wong cokit[206] dulit ||
8. maski wong kumbah kêrakah | sawancine wong nora angarani | yèn dika sanggup [sanggu...]
--- 38 ---
[...p] atulung | amanggut musuh kupar | mêngko ingsun bêkta seba rama prabu | ingsun aturakên dika | yèn dika sanggup ngêmbari ||
9. mring ratu sèwu nagara | pambadheku rika wong agung sakti | layak ngundurêna musuh | tangguhe wong prawira | Ki Nastapa aris dènira amuwus | punapa yaktos mangkana | pambadhe dika yèn sakti ||
10. noraa iwang[207] sarema | jare warta nyata sandyah linuwih | sêdhêng urupana lampus | tukunên tatu jaja | panu biru bajing bang kang bêlang buntut | nora larang sira mirah | tohana pati lan urip ||
11. yèn mangkotên aturêna | dhatêng rama andika sri bupati | nanging botên sanggup purun | ajrih sêlagi nora | yèn wontêna pakènira sang aulun | lan patêdahira sandyah | pêjah gêsang anglampahi ||
12. sang putri aris ngandika | yèn mangkono sira karia dhingin | ingsun matur mring sang prabu | karia lan si êmban | dening mêngko sira sun undang malêbu | Jaka Nastapa angucap | langkung parigêl sang putri ||
13. sang putri nulya tumêdhak | èsmu kanyut manahira sang putri | lampahira gandrung-gandrung | mengo ambuwang sêpah | mèngsêm sarya ngujiwat abanjir madu | Jaka Nastapa tumingal |
--- [39r] ---
lêsu lupa tanpa budi ||
14. mênggah Ki Jaka Nastapa | wurung edan ingsun sida ngêmasi | pêjah tanpa nandhang tatu | mas mirah jiwaningwang | bisa têmên agawe ing laraning kung | sun têdha muga tulusa | sihira mring kawlasasih ||
15. sang putri lumêbèng pura | ingkang rama pinarêk onèng kathil | akalihan ingkang ibu | ya ta kaduk ing tingal | sang juwita dening rama lawan ibu | atêbih ingawe sang dyah | pêdhêk dipun rangkul aglis ||
16. sang putri mêndhêk anêmbah | mring sang nata muwah mring ibu sori | sandyah wus kinèn alungguh | sang nata angandika | rusak têmên awakira Nini Galuh | wus nini sira bukaa | payo dhahar lawan mami ||
17. uwis lawas sira mirah | angirangi dhahar kalawan guling | wis mangana Nini Galuh | sandyah matur anêmbah | nuhun duka rama kula dèrèng tutug | sinêdya kawula rama | binjing kawula abukti ||
18. yèn kundur mêsah sampeyan | kula binjing mangan sarwi aguling | sang nata angrangkul sunu | dhuh anake si bapa | bêtah têmên angirangi mangan turu | sang dyah matur mring sang nata | kawula nuhun rama ji ||
19. sampeyan wus antuk sraya | ingkang layak amusuh Ratu Kapir | sang nata
--- 39 ---
aris amuwus | pindho gawe uliha | wong ing Saribumi kabèh ingsun tantun | tan ana kang sumanggupa | amusuh mring Ratu Kapir ||
20. sang putri matur ing rama | kula nuhun rama atur upaksi | kawula wontên ing panggung | wontên satriya prapta | tan uninga sangkane ngadêk nèng ngayun | kawula gêgêtun mulat | maring satriya kang prapti ||
21. wastane Jaka Nastapa | suwarnane bagus ajatmikani | kawula tari sumanggup | mapag ing parangmuka | pan alayak tiningalan jêjêripun | yèn ambangkata ing karyya | sang nata gawok miyarsi ||
22. apa nyata aturira | sang juwita matur tan linyok mami | mangke maksih kantun panggung | lawan pun babu inya | yèn suwawi sampeyan undang pukulun | ya ta kinèn angundanga | wus prapta ngarsa sang aji ||
23. sang nata micorèng nala | iya nyata ature nini putri | sang nata aris amuwus | yèn sira bakal karyya | Ki Nastapa agêdhe ganjaranipun | nagara kasrah ing sira | ingsun nora anduwèni ||
24. lawan nini putri kasrah | maring sira sakarêpmu ing benjing | aparentah mring Ni Galuh | Jaka Nastapa nêmbah | micorèng tyas aja musuh ratu sèwu [sè...]
--- [40r] ---
[...wu] | musuha wong sabuwana | măngsa awêdia kami ||
25. sog[208] ginanjara wanudya | nadyan pêjah paprangan sun lampahi | saksana miyos sang prabu | dhatêng ing sokasana | pan Ki Jaka Nastapa tansah ing pungkur | sapraptane sitibêntar | pinarêk dhêdhampar rukmi ||
26. kya patih onèng pasowan | atanapi punggawa lawan mantri | ngabèi para tumênggung | dêmang lan senapatya | răngga jaksa arya lawan para purun | sêsêk supênuh kang seba | lwir sêkar sêtaman asri ||
27. ki apatih ingandikan | maring ngarsa gêpah mangkat ki patih | praptèng ngarsa awotsantun | sang nata angandika | hèh apatih ulih ta sira sun utus | angulari sraya sira | kang sanggup sun adu jurit ||
28. ki patih matur anêmbah | nuhun duka abdi dalêm pun patih | botên antuk sang aulun | midêr jasat kawula | angulari sraya botên wontên purun | sami atur pêjah gêsang | sang nata angandika ris ||
29. ingsun kang tan lunga-lunga | ulih sraya satriya nom apêkik | bocah kang onèng buriku | arane Si Nastapa | ki apatih mulat anjêngêr andulu | yèn angucapa ing nala | olihe [olih...]
--- 40 ---
[...e] ngêndi sang aji ||
30. dene nora lunga-lunga | têka ulih sraya satriya luwih | pantês satriya linuhung | cahyane sumamburat | sakwèh ingkang seba padha jêngêr dulu | maring Ki Jaka Nastapa | sami lênglêng tan kêna ngling ||
31. angandika sri nalendra | hèh apatih kabèh wong Saribumi | sakathahing mantriningsun | amêpêka gêgaman | saha bala angiringa anak ingsun | miyos maring jawi kitha | amêtoni musuh kapir ||
32. ki patih matur sandika | wus aundhang maring punggawa mantri | pêpêk onèng alun-alun | ambubul lir salaba | ki apatih matur dhatêng sang aulun | sang nata sampun salata | tiyang dalêm Saribumi ||
33. sang nata aris ngandika | dhatêng Radèn Jaka Nastapa nuli | lah mara mangkata kulup | sira nitiha kuda | miwah liman sakarêpmu sira kulup | Jaka Nastapa wus mêdal | sang nata kundur mring puri ||
17. Durma
1. lwir barondong swarane sanjata tinggar | kagyat kang bala kapir | samya asewaka | Ratu Ngambarkancana | angandika mring para ji | sanak manira | dèn padha ngati-ati ||
2. musuh pakanira mêdal saking [sa...]
--- [41r] ---
[...king] kitha | arsa angrangsang biting | baya sri nalendra | angawaki priyoga[209] | kang para ratu gung ngaksi | kang onèng ngarsa | ciri ing wana putih ||
3. Ratu Parangkancana matur ing raka | mêdal botên asilih | măngsa ngêngèrèpa | musuh wong sanagara | dadya bêbalung awêsi | otota kawat | akulita têmbagi ||
4. măngsa anănggaa wong sèwu nagara | gêtakên bae bêrsih | măngsa anggawrêra[210] | dêdimone anglanggar | sun tadhahane pribadi | sanak manira | aja na angrencangi ||
5. Ratu Pêrnggi[211] angucap kula kewala | mangke sanggup nadhahi | ya ta bala kupar | anom musuh atembak | lir macan dèn bêbasahi | samya kotbuta | samya karêperèki ||
6. tan antara wong kupar nêmbang tangara | kumutug bala kapir | samya asiyaga | sanjatane ngayuda | kadi ora brajapati | lwir wrêdu ăngga | bala padha miranti ||
7. kang onèng lor wetan kidul tan antara | kula mangkana ugi | lir ngrubuhna arga | gonjing siti pratala | tangara badhe tinitir | tambur lir ombak | awor swaraning bèri ||
8. wong ing Saribumi kandhêk damêlira | sami ajrih ningali | musuhe bêlabar | kadya hèrnawa [hèrna...]
--- 41 ---
[...wa] bêna | kawus wong ing Saribumi | agulibêdan | wadya ing Saribumi ||
9. angandika wau Ki Jaka Nastapa | priye mandhêg puniki | matur kyana patya | samya kawus sadaya | botên purun nêningali | mring musuh kupar | kapok duk prang karihin ||
10. angandika Rahadèn Jaka Nastapa | yèn mangkotên ki patih | andika mundura | lawan bala andika | dika malêbêt ing biting | dika nêningal | tandang ingsun ngajurit ||
11. lah andika turuna surak kewala | ya ta mundur ki patih | lawan balanira | samya ajrih sadaya | aningali musuh kapir | dyan Ki Nastapa | mangsah rana tumuli ||
12. apapêtak sêsumbar Jaka Nastapa | hèh sira lanat kapir | mara ta mondhonga | mring sang raja juwita | biyadane Saribumi | cacakên uga | aywa ge mondhong putri ||
13. lamun isih uripa Jaka Nastapa | mara rêbutên kami | iki sih rupanya | srayane sri nalendra | kang sanggup matèni kapir | lah kêmbulana | amuk padha prajurit ||
14. amiyarsa Sang Nata Ngambarkancana | bêndunira tan sipi | ngandika ing bala | hèh wong Ngambarkancana | mara tandangana aglis | tigasên enggal | srayane sri bupati ||
15. Nata Saribumi ika menta sraya | sanggupa musuh [mu...]
--- [42r] ---
[...suh] kami | nadyan menta sraya | măngsa engong[212] girisa | lah mara papagên aglis | dadya amara | prajurite sang aji ||
16. anitih kuda mara angagêm watang | mujar saryya nudingi | êndi sih rupanya | srayane sri nalendra | baya ta bosên aurip | Jaka Nastapa | anon prajurit prapti ||
17. angandika maring sang kudhi têrantang | hèh sira sun babahi | sakwèh musuh kupar | kang onèng ing dharatan | amukana dèn abêrsih | kang nèng lautan | ingsun ingkang ngamuki ||
18. ya ta mara sira sang kudhi taratang | maring ing musuh kapir | ya ta kang prawira | lah mara garowalan | Nastapa kang dèn parani | kudhi taratang | ambacok kang prajurit ||
19. cêcêngêle tugêl mati kapisanan | murda tumibèng siti | katingal dènira | Ratu Ngambarkancana | bêndunira tan sinipi | asru ngandika | mring prajurit kêkalih ||
20. lah maraa rêbutên prajurit ika | ya ta tumulya amit | mara nitih kuda | pêtak asumbar-sumbar | kudhi taratang dèn aglis | caluke setan | gulu dipun bacoki ||
21. kang nèng wetan gêmpang pan sampun susirna[213] | kang onèng lor wus bêrsih | kang kulon wus sirna | kidul gêmpang susirna | larut [laru...]
--- 42 ---
[...t] sagung bala kapir | Sri Naranata | Ngambarkancana ngaksi ||
22. para ratu sèwu pêjah onèng rana | tan ana măngga pulih | dyan abala sirna | sampun larut sadaya | saksana sang nata ngaksi | kudhi taratang | lincak-lincak marani ||
23. Ratu Ngambarkancana ambalik liman | anandêrakên èsthi | langkung ajrihira | kalangkung ajrih mulat | lumayu sabalanèki | abêbêrêgan | angungsi wana giri ||
24. Jaka Nastapa ingkang onèng samodra | musuh kang nèng pasisir | kang pinanggut aprang | pêtak asumbar-sumbar | hèh sakèhing Ratu Kapir | rêbutên ingwang | amuk padha prajurit ||
25. gègèr mulat sagunge kang bala kupar | alok yèn ana têlik | ratu walung dasa | kang onèng ing samodra | amondhoka nèng pasisir | samya garjita | akèn nabuh têngahri[214] ||
26. angandika Ratu Abêsah mring bala | paran wadine iki | gumrêrah ing kitha | baya Sang Notèng Ngambar- | kancana ngêdali jurit | dening gumrêrah | abane bêdhil muni ||
27. yèn mangkono padha sira siyagaa | gêgamaning ajurit | payo mring jro kutha | padha arêmpêk mêsah | matur ki rêkyana patih | anuhun duka | punika wontên [wo...]
--- [43r] ---
[...ntên] têlik ||
28. apêpêtak sumbar-sumbar nguwuh lawan | ngandika sri bupati | lah mara apatya | pariksanên dènira | sapa arane kang têlik | cêkêlên enggal | bandanên dèn abêcik ||
29. yèn arosa cangkingên êndhase pisan | aturêna ing kami | amit ki apatya | ingiring dening bala | Jaka Nastapa kêpanggih | ki patih mara | mujar sarwi nudingi ||
30. lah ta sapa aranira ki satriya | baya bosên aurip | dening paksa lancang | mujar Jaka Nastapa | ingsun srayane sang aji | kang sanggup mêsah | pêjahe ratu kapir ||
31. aran ingsun iya Ki Jaka Nastapa | payo rêbutan kami | aja kaya sira | mapaga marang ingwang | balik ratunira kapir | barênga mara | nora ingsun sagahi ||
32. Ratu Pêrnggi mara sarya mutrê gada | binacok tangannèki | tugêl gada tiba | nulya balik matêngga | lumayu Sang Nata Prênggi | sabalanira | tan ana măngga pulih ||
33. nulya mara sagunge kang bala kupar | pinrapagakên[215] aglis | mring kudhi taratang | binacok gulunira | pêgot nulya angêmasi | kudhi taratang | ngamuk lir banthèng kanin ||
34. lir ampuhan syarane bala [ba...]
--- 43 ---
[...la] kabranan | wangke susun atindhih | kêpala lir arga | ingkang mara-mara pjah | tan ana kang măngga pulih | sampun susirna | siji tan ana kari ||
35. sakarine kang pêjah sami lumalya | angungsi wona giri | langkung ajrihira | maring kudhi taratang | nêngêna datan winarni | ingkang kocapa | Jaka Nastapa ngaksi ||
36. lamun musuhira pan sampun susirna | ya ta ngandika aris | mring kudhi taratang | balia depun enggal | aja sira buru malih | kudhi taratang | lincang-lincak[216] wus bali ||
37. kyana patih ngrangkul dhatêng Radèn Jaka | sarwi ngandika aris | dhuh gusti nak ingwang | wus pinasthi Yyang Sukma | lamun sira rabi putri | payo dèn inggal | mantuk dhatêng nagari ||
38. sampun kundur ingiring kang wadyabala | tan winarna ing margi | tangkêp ngarswèng nata | Radyan Jaka Nastapa | nulya sira atur bakti | sri naranata | wigêna tyas miyarsi ||
18. Asmarandana
1. ngandika sri narapati | dhateng Patih Mangkupraja | luwarana ujar ingong | iya Ki Jaka Nastapa | ingkang tămpa ganjaran | Prabu Anom julukipun | adalêma loring pasar ||
2. lawan arabia putri | agêlunga kakêlingan | palihên [palihê...]
--- [44r] ---
[...n] nagaraningong | anabuha lokanănta | lawan sêlukat mêmbat | sun wênangakên nak ingsun | gêndhingên dudur kajungan[217] ||
3. lan saupacaranèki | hèh patih sira tataa | lah wus gawanên nak ingong | patih maring wismanira | nuli pêpaèsana | poma patih wêkas ingsun | mêngko sure[218] angaraka ||
4. mangkana bubar sang aji | malêbêt ing dhatulaya | wus prapti sirèng kadhaton | pramèswari winartanan | nulya kinèn mêmajang | busêkan wong dalêm agung | nulya sira amêmajang ||
5. anaa ingkang ngisèni | anaa kang gobah sêkar | kumêndhung pêpajangane | lir pendah swarga kumêdhap | murub yèn tiningalan | cahyane sasotya luhung | tan kawasa amarnaa ||
6. kunêng ki patih wus mulih | Jaka Nastapa binakta | sampun prapta ing dalême | adan nulya ingaesan | dènira nyai patya | ki patih mêdal pituduh | mring wadyanira sadaya ||
7. Nastapa wus dèn paèsi | akampuh jingga parêmas | endah rinèjèng tumpale | ajamang mas kinatipa | arja akarawistha | sêsimping thathit mas tatur | angangge garudha ngarsa ||
8. rinèjèng pinatik adi | ratna jumantên lan mirah | garudha mungkur ingangge | minotyanan [mino...]
--- 44 ---
[...tyanan] mirah muncar | sunusukan kancana | remane tinut ing mênur | asasumping surèngpêjah ||
9. angangge naka calumpring | kêlatbau kêbo mênggah | arja ngangge gêlang pelak |[219] akêkalung susun sapta | abêbadhong kancana | apadaka susun têlu | aulur-ulur kancana ||
10. dhasar bagus dèn paèsi | ilang kamanusanira | lwir Nabi Yusup citrane | tumêdhak mring dalêm donya | ya ta sampun samakta | binakta miyos sang bagus | ginarêbêg ing wanudya ||
11. ingaturan nitih èsthi | pêthak pinêlanan êmas | apalisir sutra ijo | murub pêpayon dewăngga | rahab sangkêlat abang | ingisenan kapas taun | winoran kapas pandhakan ||
12. apus gulu cindhe wilis | apus buntut cindhe kêmbang | dirada pangangge abyor | wus lumampah onèng ngarsa | Ki Patih Mangkupraja | anitih ing jaran dhawuk | ginarêbêg ing punggawa ||
13. lir guntur swaraning bêdhil | angrok swaraning gamêlan | kêndhang gong tanpa rêrungon | carabali kang ing ngarsa | ing pungkur sêsênenan | kang sandhing pêngantènipun | gamêlan udur kajongan ||
14. sagunge kang para mantri | sami ingiring gamêlan | padha nunggang jaran kabèh | samya langkung-linangkungan |
--- [45r] ---
panganggene punggawa | ya ta prapta ngalun-alun | sajawine kutha mara ||
15. sang nata onèng sitinggil | pinarêk ing pêpanggungan | angandikèng mantri anom | padha kinèn amapaga | baktaa upacara | sanjata ngisèni sampun | sami kinèn amasanga ||
16. padha mapak para mantri | ambêkta bêbalang kupat | lêpêt samăngka lan durèn | timun pêlêm lan abawang | kuwèni lawan năngka | kang ing ngarsa wus acampuh | sami abalang-binalang ||
17. kumrutug bêbalang manggis | kupat lêpêt kadi udan | brêg-binêrêg punang wong |[220] bêdhil-binêdhilan ramya | pêtêng dhêdhêt limunan | kukusing obat lir mêndhung | kaburu wong kêpatihan ||
18. ki patih akèn bantoni | kang mantri padha tumandang | rame abalang ing durèn | dêgan năngka lan sêmăngka | rubuh kuthane mara | kabêrêg mantri sang prabu | gumêrk[221] binalang sêmăngka ||
19. akèh bênjut dening manggis | sèmpèr binalang ing năngka | bubrah kuthane sang katong | wus malêbêt ki apatya | amburu musuhira | bêdhil swarane gumuruh | nora ngangge minimisan ||
20. kaburu mantri sang aji | padha ngungsi mring sang nata | suka sri nalendra anon |
--- 45 ---
gumujêng alênggak-lênggak | ya ta rêkyana patya | tumêdhak saking kudyèku | angiringkên pêngantènnya ||
21. kalawan ni nyai patih | minggah maring sitibêntar | sang nata tumêdhak age | saking luhur pêpanggungan | pinarêk ing dhêdhampar | angandika sang aulun | maring sagunge pêdhêkan ||
22. lah padha papagên aglis | tinggalan ta anak ingwang | ya ta padha mapak kabèh | para sêlire sadaya | cèthi êmban lawan inya |[222] ayantara walung puluh | gumruduk sami amapak ||
23. sampun minggah ing sitinggil | malêbêt ing dhatulaya | pinanggihkên sang lwir sinom | nulya sami adhaharan | sagung kang ngiring samya | wus tutuk adhahar sampun | kang ngiring bubar sadaya ||
24. kang kantun ing dalêm puri | Rahadyan Jaka Nastapa | akalihan sang lir sinom | sandyah ewa ingkang manah | lèngsèr dènira lênggah | malêbêt ing jinêm arum | sarwi angusap sri nata ||
19. Sinom
1. sang kakung tansah rêrêpa | dhuh mas mirah ingsun gusti | amung andika kusuma | mustikaning rat sabumi | wong ayu milangoni | gusti gèn kawula ngatur | midrêra slawe dina | botên antuk kadi gusti | mung èngsême
--- [46r] ---
awèh edan karungrungan ||
2. kadhat gonggong awak ingwang | sun rasa saya bayani | yèn dika nora wêlasa | durèn dawa wong amukti | alăngka alăngka awak mami |[223] sinapa dhatêng wong rangkung | baya dika pangeran | jalaprang[224] kang surat wilis | paran wêkas pun kakang kanang-kanangan ||
3. mas mirah angandika |[225] dimon ingsun wurung mati | baya andika tan wêlas | yèn matia punang abdi | pun kakang wus alami | midêr angalaya dhusun | tanpantuk kadi dika | nora na memba amirib | yèn lumampah kadi Dèwi Wilutama ||
4. sang kakung anggadhuh asta | jariji kiwa kang kêni | sang juwita angandika | uculêna asta mami | asta kelor puniki | yèn cinêkêl gêlis putung | sang kakung ngrangkul jăngga | angaras anêcêp lathi | yèn putunga ingsun sanggup ngilènana ||
5. lêga manahe pun kakang | sinapa dening si gadhing | kêkunang gung angayangan | baya mangmang awak mami | asrah pati lan urip | maring sih dewaning ayu | panu biru ing jaja | bandar kilène têrbanggi | nora larang wong ayu tohana pêjah ||
6. jangkrik gunung mindha jungkang | sire ati ingsun yayi | nora [no...]
--- 46 ---
[...ra] ningali wanudya | amung dika kang kaèsthi | jênu tawa mas yayi | buron arum tinaruknu[226] | katungkula mangkanya | sun arase wong akuning | jênang sela pun kakang nêdha apura ||
7. sang ayu aris ngandika | tumbak tulup wong puniki | salaka ginawa jala | dèn rêngkuh apamu kami | gumampang ngaras pipi | wayang wong têmbanging kidung | wong lanang yèn sinapa | nrêranyam saya ngrakêti | mangah-mangah gêlêma dèn aras-aras ||
8. sang kakung mèsêm ngandika | bok iya sun aras yayi | pantêse sêmengok mana | sun angaras pipi kuning | dhuh mas mirah ingsun gusti |[227] sunga sawang sêkar mênur | wênangêna pangeran | angaras dhatêng wong kuning | sang juwita ingaras nulya aindha ||
9. kêna sêngkange kewala | sandyah gumujêng sarya ling | wong puniki lênga lawas | arêp angambung atêngik | kurang gêdhe wong iki | alus yèn arêp angambung | sang kakung tumulya lon |[228] angrakul[229] janggane èstri | astanira sarwi ngêmêk payudara ||
10. sang kakung angaras jaja | sarya sira rêmih-rêmih | mas lurus tumrap ing gănja | kapithing kang sobèng sabin | pêpatahe wong iki | ayune agawe wuyung | jênang bang cinonthongan | sapa sunga wong
--- [47r] ---
amukti | pambayune sun aras-arase mana ||
11. sampun tutuk sacumbona | sang kakung amuwus aris | dhuh mas mirah awungua | panggene[230] mênêng dyah aris | murcita sang sudèwi | ing tilam kadya wong lampus | sang kakung ngambil toya | sandyah sinucenan aris | sang juwita angêsês asambat pêjah ||
12. panu biru munggyèng jaja | kawista matênging kuning | milaningsun tohi pêjah | dene mêjana gêngnèki | midêr ngalayab bumi | nora ulih miribipun | canggèhe pagulingan | desa sawetane bêrmi | sun batanga mau sampun kalonglongan ||
13. ingêmban maring patirtan | nulya siram wong kêkalih | samya kosok-kinosokan | sampun tutuk asêsuci | wus mêntas saking bèji | sang kakung asalin kampuh | sandyah wus sininjangan | ing pangkon saryya liningling | wus asinjang agagănda amrik sumyar ||
14. nêngêna kang andon raras | kocapa sri narapati | sinohan ing pagêlaran | pêpêk pra măncanêgari | miwah rêkyana patih | wus linggih onèng ing ngayun | miwah para santana | piniwayah samya nangkil | dyan pêngantèn wau
--- 47 ---
sampun ingandikan ||
15. prapta mêndhêk nulya nêmbah | angandika sri bupati | nyawa dèn kaparing ngarsa | lungguha ing ngarsa mami | radèn sampun alinggih | ngajêngan saryya wotsantun | sang prabu angandika | mring sagunging para mantri | hèh apatih uningakêna sadaya ||
16. sagunge para santana | tumênggung myang para mantri | răngga lawan senapatya | padha undhangana sami | ingsun ing mêngko iki | sèlèh maring putraningsun | iya Ki Prabu Anom |[231] ingkang amêngku nagari | marentaha sagunge wadya sadaya ||
17. padha sira ngèstokêna | parentahe anak mami | ingsun patih ambêgawan | anêdha mring Yyang Kang Luwih | sun têdhakêna mami | tulusa jumênêng prabu | radyan wus kinèn alênggah |[232] ing kathil cinitrèng rukmi | ingkang mulat sami ngêmut guladrawa ||
20. Dhandhanggula
1. angandika alon sri bupati | sakathahe kang brana jarahan | hèh patih dumên dèn age | pratiganên puniku | kang saduman dumêna mantri | sadaya dèn warata | kang sadumanipun | wèhêna pêkir kasiyan | lan sakèhe wong pakauman prasami | aja
--- [48r] ---
na kaliwatan ||
2. kang saduman simpênên apatih | gonên prabeyane kang nagara | bok ana kurang-kurange | prabote mantriningsun | iya mèta kono apatih | ki patih atur sêmbah | donya sampun dinum | warata sagunge wadya | nora na kang kalintangan sawiji |[233] sadaya kawrêratan ||
3. mantuk angadhatyan sri bupati | para mantri maksih nèng paseban | maksih padha andhêdhècèh | ramya padha andudum[234] | tan ucapên kang para mantri | kawarnaa sang nata | praptèng dalêm agung | kang garwa sampun amapak | mêndhêk ngarsa sandyah nulya angabêkti | sang kakung nambut asta ||
4. glis pinondhong wau sang sudèwi | ngayang-ayang onèng ingêmbanan | binakta munggah asare | pawongan bakta sangku | isi toya mêndhêk tumuli | pan sampun winisuhan | kalih padanipun | sampun surub sang yyang arka | wus tumangkêp samir tundha sapta sami | wus asare kalihan ||
5. datapitanên sampun alami | Prabu Anom jumênêng narendra | wus tigang căndra lamine | panjênênganing tulus | karta-karti ingkang nagari | murah ingkang tinumbas | tulus [tu...]
--- 48 ---
[...lus] kang tinandur | tan ana darbe kang ilang | kêbo sapi tan ana dipun kandhangi | aglar onèng pangonan ||
6. kasub kuncara ing nusa bumi | sri nalendra lamon kinawasa | kaloka-loka ing akèh | parangmuka atakut | tanah sabrang sadaya prapti | angaturi rêruba | maring sang aulun | ana atur rajabrana | kang sawênèh ratu atur-atur putri | ajrih maring sang nata ||
7. dening kaloka sri narapati | ngundurakên ratu sasra nagara |[235] ingkang pinêjahan kabèh | milanya sami takut | para ratu maring sang aji | sadaya sami seba | ngaturkên panungkul | wuwusên sri naranata | kala dalu pan tansah apulang rasmi | asih adêrbe garwa ||
8. mapan tansah krasmèn siyang latri | lawan Radèn Dèwi Sarirasa | têngah dalu ing wayahe | asare sang aulun | akalihan lawan kang rayi | lagya eca anendra | angipi sang prabu | apanggih lan ramanira | lan kang ibu katon yèn prapta anangis | angrangkul maring sira ||
9. kagyat papungunên ipènnèki | sri nalendra wungu nulya lênggah | langkung gagêtun ing tyase | nadyan kumêmbêng êluh- | ipun tibèng jaja lantaran pipi |[236] karasyèng nalanira [nala...]
--- [49r] ---
[...nira] | polahe duk timur | duk tinunggu yayah rena | kang karaos ibune sumêlang ati | mênggah sri naranata ||
10. èwêd tyasira sri narapati | arsa tilar maring garwanira | katon trêsnane rabine | amicorèng tyasipun | kaya priye polah ngong iki | arsa sun poyanana | yayi radèn ayu | mênawi tan sinukanan | ingsun lunga yèn ingsun maksaa kêni | pasthi kudu tut wuntat ||
11. yèn milua dadi susah mami | gawa uwong akèh pasthi lawas | angur sun tilara bae | mumpung eca aturu | ya ta sira sri narapati | ngambil rotar[237] sinêrat | pan sampun atutug | kunang bêbukaning sêrat | muhung lamon sang nata ngaturi amit | mring sang raja juwita ||
12. lah kantuna nimas mukti sari | wibawaa ambaua dhêndha | nyakrawatia dhèwèke | ingsun amit wong ayu | sampun dika kelangan gusti | sun kesah mring Bragêdad | tinjo sudarmaku | manira baya alawas | nulya bali yèn ingsun wus apêpanggih | lan yayah renanira ||
13. wus sinalahakên[238] punang tulis | munggèng karangulu prênahira | sang nata tumurun age | anyêndhal [anyêndha...]
--- 49 ---
[...l] kampuh alus | angrangkêpi ulês kang guling | rangkêp pitu kang wastra | gêgulinge sampun | dhinêsêkakên ing sandyah | nulya têdhak alon lampahe nrapati | nyangking kudhi taratang ||
14. satindak mangu sajangkah nulih | tiningalan citrane kang nendra | katon mêlok wêdanane | kasênênan pandam mancur |[239] kadya wulan purnama sidi | nulya bali cangkelak | sang ratna rinangkul | tan pêgat kinusya-kusya | mudhun malih saryya apikir ing ati | dewa mirah kantuna ||
15. prapta ing natar sri narapati | ambabar kêpêt anggayu[240] akasa |[241] muluk ing gêgana age | awor lan mega mêndhung | saya lêpas lampaherèki | angancik madya gantang | kandhêk ibêripun | midêr-midêr kaya undar | Prabu Anom kadya jangkung miling-miling | kang sinadya Bragêdad ||
16. sigêgên sakarang dèn sakawi | Prabu Anom kang onèng gêgana | mêne ucapên ing mangke | kocapa sang aprabu | para rukmi lawan sang aji | Ratu Ngambarkancana | ingkang kapalayu | binuru kudhi taratang | sabalane sasisane ingkang mati | lumayu alorodan ||
17. nora mantuk mring nagaranèki | anggepak mring nagarèng
--- [50r] ---
Bragêdad | anutukgakên[242] karsane | Bragêdad wus kinêpung | ingobongan ing têpisiring | kêbo sapi dèn rayah | bèbèk ayam gêmpur | bêras pari binahakan | tiyang dhusun têpisiring padha ngili | angungsi dalêm kitha ||
18. sabên dina kuthane sang aji | pan linanggar dening wadyanira | Ratu Ngambarkêncanane | Parangkêncana tumut | amêrangi Bêrgêdad singgih | gègèr wong jroning kutha | sami tutup pintu | samyajrih amêdalana | linadosan saking salêbêting biting | sabên dina paprangan ||
19. tinuguran sampun tigang sasi | ing Bragêdad dening musuh kupar | dipun pêjahi têdhane | wong jro kitha akuru | kirang têdha larang binukti | kapailan wong Bragêdad |[243] tan ana dèn tuku | Ratu Bragêdad kèmêngan | lan sagunge mantri Bragêdad pan sami | tan ana kang puruna ||
20. sang nata wus putusan ngulati | sraya ingkang sanggupa amêsah | mantrine dèn sêbyar[244] kabèh | lunga têka tanpantuk | ki apatih kang dèrèng prapti | mêdal mring jawi kitha | lampahe anamur | angangge tambal-tinambal [tambal-tinamba...]
--- 50 ---
[...l] | nyangking kaskul lan jungkat kang dipun cangking | amindha wong atuwa ||
21. manjing wana Patih Mangkubumi | sadya angulati wong atapa | manawa na sanggup mangke | ênêngêna rumuhun | ki apatih lampaherèki | Prabu Anom kocapa | nèng gêgana nglangut | kêdhap-kêdhap awor mega | ngrasa kêsêl angambah madya wiyati | tumurun mring buntala ||
22. lumarap kadi tibaning mimis | cumalorot lir andaru tiba | sampun angèmpèr lampahe | praptèng siti sang prabu | wus lumampah sri narapati | anuju catur dhêndha | wau lampahipun | lumaris datanpa raryyan | pan angraos akêsêl sira sang aji | ngaub sore mandera ||
23. wuwusên kya patih kang lumaris | arsa raryyan wau sadyanira | angaub patih sadyane | nulya sira alungguh | ing sandhinge sri narapati | ki patih kagawokan | andulu sang prabu | yèn angucapa ing nala | wong ing ngêndi kang raryyan anom apêkik | kaya dudu wong lanang ||
24. sun talika warnane wong iki | pasêmone pan dudu wong desa | amriyayèni wong
--- [51r] ---
kiye | lan cahyane umancur | sarta mawi teja wong iki | pantês trusing atapa | katara ing sêmu | mêngko ingsun atanya |[245] dadya mangke ki patih amarêpêki | saryya sira têtanya ||
25. teja sulêksanane abêcik | tigas kawuryyan pundi kang pinăngka |[246] pun bapa tambêt sangkane | Prabu Anom amuwus | tiyang midêr ngalayab bumi | sanggèn kawlasarsa |[247] kang kawula jujug | arsa dhatêng ing Bragêdad | angulari sanak manira manawi | kapanggih manira paman |[248]|
26. dèrèng uninga pêrnahe kiyai |[249] ing prênahe nagorèng Bragêdad | kula gumantos atakèn | jêngandika puniku | tiyang saking pundi kiyai | kawula katambêtan | ki patih amuwus | gih kawula wong Bragêdad | awon-awon kawula iki pêpatih | miyos ngulari sraya ||
21. Mijil
1. kawula ingutus dera sang aji |[250] minta sraya ingong | angulari kang prayoga anggèr | kang sumanggup mapak musuh kapir | mila kula mijil | dhapur namur laku ||
2. dening nagara Bragêdad mangkin | kinêpang
--- 51 ---
sang katong | ratu kapir kêkalih sanake | Ratu Parangkancana kang nami | Ratu Ngambarrukmi | puniku kang sêpuh ||
3. kawitane anglamar sang putri | tinampik sang katong | malah kawula suwèk layange | muniku[251] marmita andhatêngi | angêpung nagari | tigang sasi tugur ||
4. rumuhun duk lagine tinampik | maring sang akatong | kawula ajêng-ajêng ing lamine |[252] wontên gangsal taun botên prapti | ing mangke puniki | prapta soroh amuk ||
5. tiyang dhusun ênting dèn bahaki | dèn boyongi kabèh |[253] wong ing desa ngungsi kitha mangke | sabên dina tansah dèn pêrangi | pangan dèn pêjahi | wong jro kitha lêsu ||
6. kirang têdha tuwuk prang lan kapir | mantrine sang katong | kathah rusak kasoran jurite | marmitane kawula ngulati | sraya kang prayugi | ngundurakên musuh ||
7. nanging pun bapa dèrèng amanggih | kang sanggup nak ingong | manawi dika asanggupa anggèr |[254] amapaga yudane wong kapir | mila kula mijil | dhapur namur laku ||
8. dening nagara Bragêdad mangkin | kinêpang sang katong | ratu kapir kêkalih sanake | ingkang
--- [52r] ---
purun musuh dhatêng aji | nagara pinilih | ing Bragêdad iku ||
9. sing sapa saguh musuh wong kapir | jumênênga katong | ing Bragêdad ingsun tan aduwe | kalawan putriningsun sasiki | dèn alapa benjing | undhange sang prabu ||
10. sawancine wong tan amastani | bêcik buruh goncol | lamon mênang jumênênga raje | nanging dèrèng wontên ananggupi | panalika mami | dika layak sanggup ||
11. mèngsêm Sang Prabu Anom miyarsi | dadya ngandika lon | mapan botên sanggup kêdhah-kêdhih |[255] wong punapa kadi awak mami | wani apra[256] tandhing | dika tiyang agung ||
12. kyai patih angandika aris | pêtakène gantos | sayaktine pundi pinangkane | lawan sintên sinambat wêwangi | pun bapa puniki | jatènaba[257] tutur ||
13. wasta kawula kiyai patih | pun Nastapa ingong | aran kawula sangkane rare | tanpa bapa lawan tanpa bibi | yèn makotên kyai | kawula jêng nunut ||
14. dhatêng nagari dika kiyai | ki patih lingnya lon | kalih mangke manira tan mulih |[258] lamun dèrèng antuk sraya sakti | yèn ki anak wani | ngong adu lan musuh ||
--- 52 ---
15. nêdha padha seba lan sang aji | yèn pambatang ingong | layak dika ambangkata gawe | katarèng pasang sêmunira sakti |[259] bok inggiha gusti | jêngandika tulung ||
16. Prabu Anom angandika aris | dèrèng sanggup ingong | lamon wontên pakone sang raje | pêjah gêsang kawula lampahi | sampun têkèng sakit | nadyan têkèng lampus ||
17. langkung suka nalane kya patih | langkung apêpawong | yèn mangkono dawêk wangsul nradèn[260] | kawula turakên ing sang aji | saksana lumaris | lampahe lumintu ||
18. tan kawarna lampahirèng margi | ki patih wong roro | praptèng nagara injing wayahe | sri nalendra dawêk tinangkil |[261] samya para mantri | ajèjèr supênuh ||
19. gègèr kabèh yèn ki patih prapti | ambakta wong anom | sami cingak kang andulu kabèh | sami alok patih ulih kardi | buh nyata buh inggih | wong alok gumuruh ||
20. jumarojok[262] munggah ing sitinggil | kya patih andhempok | sumungkêm ing padaning sang raje | Jaka Nastapa tansah onèng wingking |[263] ngandika sang aji | bage patih rawuh ||
21. ulih karya ta sira apatih |
--- [53r] ---
kêkundêlên ingong | angarêp-arêp maring ing dhèwèke |[264] matur alon Patih Mangkubumi | nuhun duka aji | pan antuk tan antuk ||
22. dèrèng kantênan sri narapati | pênêde lan awon | sang nata ngling patih di rupane | patih srayanira puniki |[265] matur ki apatih | kang karsa pukulun ||
23. kang kawingking dhatêng punang patih | kèndêl sang akatong | sapamucang tan ngartika rajèng | jêngêr sang nata dènnya ningali | pantês bocah iki | satriya linuhung ||
24. katorèng sêmune bocah iki | lan cahyane mancur |[266] sang nata aris pangandikane | hèh kulup sapa aranmu iki | umahmu ing ngêndi | sapa wong tuwamu ||
25. Prabu Anom matur awotsari | kawula sang katong | alit mila kawula tanpanggèn | tanpa kadang yayah lawan bibi | tiyang jalak ampir | saênggèn andunung ||
26. dêlape gusti kang amastani | pun Nastapa ingong | sang nata miyarsa angrêrês ing tyase |[267] hèh kulup sira sun adu wani | musuh ratu kapir | lamun sira manggut ||
27. agêdhe bapa ganjaran mami | jumênênga katong | arabia putri sira radèn | ingsun [ing...]
--- 53 ---
[...sun] bapa ambêgawan benjing | Nastapa turnya ris | kawula anuhun ||
28. botên darbe cipta ananggupi | ajrih botên ingong | yèn wontêna pangajane rajèng | sampun siyang sanadyan ing latri | kawula nglampahi | nadyan dhatêng lampus ||
29. wong Bragêdad kêrigên apatih | ngiring anak ingong | kya patih sandika ature |[268] sri nalendra mantuk tilêm puri | Patih Mangkubumi | tata-tata pungkur ||
22. Pangkur
1. wus tata sanjatanira | saha bala kêndhang gong munya bètri | sarta gamêlan gumuruh | satu rol pangyungira[269] | pangagène[270] mantri punggawa kadulu | lir pendah sêkar saalas | tinon kadya gunung sari ||
2. kadya ombaking samodra | swaranira bala kang tata baris | awor lan swaraning tambur | angrok panjriting liman | kuda asrang lawan kêrbête lêlayu | lwir paksi kêrndha[271] anglayang | payung bawat yèn ingaksi ||
3. wus mêdal jawining kitha | ki apatih kang dadi senapati | lumampah ana ing ngayun | ingiring dening bala | para mantri sadaya angiring sampun | sumêrk[272] lampahe [lampah...]
--- [54r] ---
[...e] atata | prapta prênah tata baris ||
4. ki patih nêmbang têngara | asauran bêndhe sami tinitir | garjita manahe musuh | Ratu Ngambarkancana | angandika sang nata mring mantrinipun | hèh yayi Parakancana[273] | musuhira amêtoni ||
5. dèn prayitna yayi sira | anêmbanga tangara ayya sari | ya ta tangara tinêmbung | kêndhang gong asauran | Ki Apatih Jajalsangara umatur | kawula amit sang nata | miyos amangguta jurit ||
6. ki patih nulya ingajak | nulya mangkat anitih kuda putih | asêsumbar nguwuh musuh | sarwi angêmbat tumbak | wong Bragêdad papagêna yudaningsun | sapa ingkang arêp pêjah | amuk padha wani mati ||
7. Ki Apatih Mangkupraja | kinèn mapak maring ing musuh kapir | Jaka Nastapa amuwus | paman andika papak | dèn prayitna saksana ki patih maju | maring rana pambarisan | nyengklak anitih ing wajik ||
8. mara sarya ngikal tumbak | yun-ayunan lawan Rêkyana Patih | Jajalsangara amuwus | sapa aranmu baya | mapagakên ing tandang prakosyaningsun | baya
--- 54 ---
sira arêp pêjah | ki patih alon nauri ||
9. ingsun Patih ing Bragêdad | lanat kapir aja kakehan angling | mara anumbaka gapyuk | bêndu Jajalsangara | ngikal tumbak malyakên turăngga asru | ki patih glis linarihan | prayitna patih atangkis ||
10. aramya gêbang-ginêbang | Jajalsangara putung watangerèki |[274] ki patih anumbak gupuh | kêna lambunge kiwa | Jajalsangara alatah suka gumuyu |[275] mara-mara pilihana | anumbaka alwa[276] wêdi ||
11. tinitir Jajalsangara | nora busik saya suka ki patih | anulya mêrpêki gupuh | waose Kya Patya |[277] ing Bragêdad cinandhak arsa rinêbut | arame sêndhal-sinêndhal | Jajalsangara nguwati ||
12. sinêndhal waosnya patya | wus karêbat Jajalsangara angling | dèn yitna patih sirèku | mêngko sira sun tumbak | Jaka Nastapa wau sira andulu | aglis sira angandika | mring kudhi taratang singgih ||
13. hèh taratang tulungana | bapa patih ika arêp katitih | pun taratang mara gupuh | Patih Jajalsangara | arsa numbak binacok tanganipun |[278] tugêl tatêt ki apatya [a...]
--- [55r] ---
[...patya] | Jajalsangara malêncing ||
14. pinindho gulune pêgot |[279] kapisanan Jajalsanga mati |[280] Patih Bragêdad gagêtun | nora nyana yèn pêjah | musuhira ya ta ki patih andulu | marang sang kudhi tarangtang | lincak-lincak nulya bali ||
15. mring prênahe Ki Nastapa | kyana patih kagawokan ningali | wong Bragêdad nyurak umyung | sami alok sadaya | Ratu Parangkancana wau andulu | bramatyanira kalentang | angandika mring ki patih ||
16. Ki Patih Jayasangara | kinèn mapak yudane kyana patih | amit nitih jaran dhawuk | mara asumbar-sumbar | senapati mara mapagakên sampun | arame tumbak-tinumbak | tan ana kasoran kalih ||
17. putung waos salin pêdhang | rame padha pêdhang-pinêdhang gênti | pun Prakêmpa anêrambul | mantri Ngambarkancana | senapati kinalihan boyak kundur | Răngga Sutisna Bragêdad | anêrambul saking wuri ||
18. pun Prakêmpa nulya numbak | Răngga Sutisna nulya anangkis |[281] ginêbang tumbaknya putung | Prakêmpa ngunus pêdhang | Răngga Sutisna tangkis parèsènipun | ya ta pun kudhi taratang | mara ambacok [ambaco...]
--- 55 ---
[...k] tumuli ||
19. tugêl gulune Prakêmpa | Jayasangara binanting tumuli | binacok êndhase rêmuk | karo parêng palastra | Răngga Sutisna Senapati gagêtun | gumuruh surake bala | padha ngalokakên mati ||
20. pun Kala Wirota mara | prajurite Ratu ing Ngambarrukmi | kêmbar priyayi puniku | tau tate yèn aprang | bêdhah kutha amboyong putri pan tau | tau angrapakên kuda | asikêp watang ngajrihi ||
21. pun Kala mêdali kanan | pun Wirata nrêrambul[282] saking wuri | Răngga Sutisna jinujug | sampun ayun-ayunan | senapati pun Kala ingkang jinujug | rame agêbang-ginêbang | kang surak gumuruh atri ||
22. adangu tumbak-tinumbak | pun Werata tinitir nora busik | lir pendah wong ngabên sawung | loke musuh lan rowang | kudhi trangtang mara anuli bacut |[283] gulune karo wus pêgot |[284] mustaka tumibèng siti ||
23. surak lir pendah ampuhan | kari mangu răngga lan senapati | saya wuwuh kandêlipun | anglojok pangamuknya | Ratu Ngambarkanca bêndu kêlangkung |[285] lan Ratu Parangkancana | parêng anitihi [ani...]
--- [56r] ---
[...tihi] èsthi ||
24. mara sarwi ngundha gada | barêng mara anggêrgut tandangnèki | asumbar anantang musuh | aja angadu bala | Ratu Bragêdad papagêna tandang ingsun |[286] Sang Prabu Anom tumingal | ngandika maring ki patih ||
25. paman patih lah mundura | lah man răngga miwah ki senapati | baya layak musuh ratu | dudu musuh andika | manira mangkin paman ingkang amanggut | wus mundur rêkyana patya | răngga lawan senapati ||
26. Prabu Anom asêsumbar | lah maraa barêng ingsun kêmbari | wurung bêngèn sang aprabu | sida mêngko palastra | sira angundanga malih ratu sèwu | ajaa mung ratu dhuwa | dèn kaya nèng Saribumi ||
27. anggawaa ratu sasra | sun musuhi kudhi tarangtang siji | sun sênggih sira wus lampus | panggène kaliwatan | untung mêngko sira cinêndhêk umurmu | iki rupane Nastapa | kang angamuk karo kudhi ||
28. ingsun kang pinenta sraya | dèn Sang Nata ing Saribumi dhingin | mêngko atulung Sang Prabu | ing Bragêdad nagara | lah ta mara amondhonga putri ayu |
--- 56 ---
biyadane wong Bragêdad | cacakên pondhongên ugi ||
29. Sang Ratu Ngambarkancana | anglês tyase lêsu sariranèki | miyarsa sêsumbaripun | kawus manah sang nata | dadya balik liman kalih rayinipun | Sang Ratu Parangkancana | wangsul pêsanggrahannèki ||
30. sami sira pagunêman | angandika Ratu ing Ngambarrukmi | hèh yayi paran karêpmu | apa sira lumajar | yèn lumayu pasthi tan wande binacok |[287] kang rayi matur anêmbah | măngsaborong kakang aji ||
31. kawula tan darbe karsa | angandika kang raka yèn suwawi | adhi payo padha têluk | maring Jaka Nastapa | nora kêna sira lawan prang acucuh | Nastapa langkung kuwasa | ingsun kapok têmên nyai ||
32. gêgêtuning atiningwang | dening têka kapêdhak onèng ngriki | yèn mangkono yayi prabu | gêgamanmu sadaya | bongkokana payo seba yayi prabu | padha jaluk pangapura | padha atur-atur putri ||
33. malar dadia rêruba | anak ingsun Rêtna Kumalawati | lah baktanên anglwa[288] santun | saksana nulya mangkat | ratu kalih asrah ing bongkokanipun | sarta lawan rajabrana | putrine mungguh
--- [57r] ---
ing ngarsi ||
34. prapta ngarsane Nastapa | sapambalang mêndhêk sarya ngunjungi | Jaka Nastapa amuwus | lah dèn kaparèng ngarsa | apa sadyanira marêk marang ringsun | matur Ratu Ngambarrêtna | kawula srah pati urip ||
35. kawula nuhun Jêng Islam | arsa nurut agama iman suci | sakarsa tuwan sun turut | lan malih anak omba[289] | kula aturakên dadi juru nutu | Prabu Anom angandika | atarima sun sang aji ||
36. bêcik sira yèn mangkana | lah ta payo sira sun gawa nangkil | umarêk maring sang prabu | lah paman patih padha | bubarêna gêgamanira sadyarum[290] | barisanipun atata | saksana bubar tumuli ||
37. lumampah baris atata | asri tinon upacara lwir tulis | gamêlan munya gumuruh | ki patih onèng ngarsa | mapan kinèn rumuhun matur sang prabu | wus katur sapolahira | Sang Nata Bragêdad aglis ||
38. sineba ing pagêlaran | sri nalendra akengkenan ing mantri | amapaga sang abagus | utusan wus kapapak | nulya dhatêng alun-alun tan asantun | lampahipun ingenggalan | mêgatruh prapta ing ngarsi ||
23. Mêgatruh
1. nulya prapta ing
--- 57 ---
ngayunaning sang prabu | mêndhêk nulya angabakti | sang nata angrangkul gulu | ingusap-usap kang wèni | sukur sêlamêt nak ingong ||
2. Prabu Anom matur dhatêng sang aulun | kawula atur upaksi | mêsah sampeyan sang prabu | marêk asrah pati urip | punapa karsa sang katong ||
3. ratu kalih arsa nut agama luhung | lawan angaturi putri | katura dhatêng sang prabu | Sang Natèng Bragêdad angling | lah sakarsa Radèn Inom[291] ||
4. aja nama ratu roro iku radyan |[292] yèn ingsun tumuta kaki | nadyan silih jênêng ingsun | măngsa bodhoa nak mami | angrèhakên jênêng ingong ||
5. tampanana nagorèng Bragêdad kulup | kasrah maring sira kaki | lan nak ingsun Nini Galuh | amawongan ing sirèki | gawenên juru pamongmong ||
6. hèh apatih poma mongên anak ingsun | si kulup dadia aji | matur anuhun sang prabu | ngandika patik sang aji | ya ta wus jumênêng katong ||
7. wus ingunggahakên anèng sitiluhur | alinggih dhêdhampar rukmi | wus ingundhangakên sampun | yèn Bragêdad salin aji | ginantenan Prabu Anom ||
8. saprabone sang na
--- [58r] ---
wus dipun rasuk |[293] wus kuncara wong sabumi | wong Bragêdad asih lulut | tan ana lênggahnèng[294] kapti | padha wêdi asih kang wong ||
9. wus alama dènira jumênêng ratu | sampun antuk ing sêsasi | tansah sira pulalut[295] |[296] lawan Dèwi Căndrawati | kang dadya garwaning katong ||
10. Putri Ambarkancana ingkang pinundhut | Ni Dèwi Kumalawati | Putri Bragêdad kang sêpuh | langkung sihira sang aji | maring garwanira karo ||
11. atut adulur sang dyah dènira mêmaru |[297] datansah raina wêngi | rantang-runtung wong tatêlu | kalawan sri narapati | sandyah kinêmbol[298] paturon ||
12. kawarnaa injing tinangkil sang prabu | pêpêk kang punggawa mantri | ki patih wus onèng ngayun | tanapi sang ratu kalih | nèng ngarsane Prabu Anom ||
13. ambêlabar ingkang aseba sang prabu | tinon alwir gunung api | panganggène mantri murub | luwih-linuwihan sami | pasowan murub yèn tinon ||
14. ingayap ing badhaya onèng ing ngayun | ilang kamanusannèki | kadya jawata tumurun | citrane sri narapati | yèn tinon lwir muksèng ênggon ||
--- 58 ---
15. Prabu Anom ngandika mring patihipun | patih apa sira uning | wong aran Ki Warigaluh | ing ngêndi umahe patih | iku golèkana gupuh |[299]|
16. Ki Apatih Mangkupraja aris matur | punapaa ing sang aji | andangu pun Warigaluh | lêlurah pambêlah singgih | ki patih umatur alon ||
17. pun Warigaluh punika ta sang aulun |[300] lêlurah pambêlah singgih | ngandika malih sang prabu | sun ora arsa cangkrami | mulane ingsun têtakon ||
18. tuturing wong Ki Warigaluh asunuh | lanang amung sawiji |[301] cokan ngaku dadi ratu | arsa amadhani kami | sabên dina arêraton ||
19. iku bapa undangên depun agupuh | lanang wadon pisan patih | bêktanên mring ngarsaningsun | anake rujakên sami | iku arsa dadi katong ||
20. nanging bapakaning lawan biyangepun[302] | aja ta sira larani | iku nora mèlu-mèlu | iringêna bae patih | ingsun priksanane dhèwèk |[303]|
21. anak putune kabèh aja na kantun | kêrigên ing ngarsa mami | ki patih amit wotsantun | ingiring ing para mantri | watara bawat rongpuluh |[304]|
22. gumaruduk sarta lan gêgamanipun |
--- [59r] ---
padha papêlayon sami | prapta mahe Warigaluh | kang mantri abaris sami | kinubêngan wismanipun |[305]|
23. kagegeran umahe Ki Warigaluh | sapraptane kya patih |[306] tanbuh-tanbuh polahipun | aniba tangi anangis | sêsambate anggalolo ||
24. pan gumuruh syarane kang anak putu | lanang wadon padha nangis | sêsambat pating carêluk | singgahêna dhayung iki | pukêt usikêna[307] kang doh ||
25. apa baya dosane Ki Warigaluh | umahe depun barisi | nora kaya awak ingsun | lagya dadya juru mudhi | nêmoni cilaka agung |[308]|
26. dadi juru mudhi durung ana sêtaun |[309] êntèk buruhan sêtail | anglayarake si mangu | liya buruhan sadhidhik | nyênyêmêt têlas sakêton ||
27. lagya labuh unjêm nuli bara turun | sun anti têtigang sasi | banjir pindho durung têdhuh | nulya ngarêpakên nrapi | baitra kesah pêtajèn |[310]|
28. têka mêngko umahku dèn garudugi |[311] dandanan depun jarahi | adhuh lae mati ingsun | dèn gawa maring priyai[312] | kulukku dèn buwang adoh ||
29. ki apatih suka dènira andulu [andu...]
--- 59 ---
[...lu] | têtingkahe wong angili | ana gendhong dhunakipun | lahane padha dèn indhit | pêdane pating kacècèr |[313]|
30. ki apatih pinarêk ing bale agung | jêjêl ingkang para mantri | Ki Warigaluh abutuh | lumayu depun tututi | binakta ing balenipun |[314]|
31. kinubêngan dening para mantri agung | malah tan kaduman linggih | ana kang lêlungguh dhayung | ana lêlungguh kêmudhi | ana kang lêlungguh kuluh |[315]|
32. Warigaluh gumêtêr sariranipun | nora ngrasa duwe urip | andharêdhêk onèng ngayun | sarwi amicorèng ati | apa dosaningsun dhenok ||
33. apoplokan bongkonge[316] Ki Warigaluh | ulatepun[317] wus aputih | lwir malêm towong akêcuh | kinêpung ing para mantri | ki patih ngandika alon ||
34. Warigaluh ingsun iki depun utus | dènira sri narapati | amariksa ing anakmu | wartane cok ngaku aji | pangandikaning sang katong ||
35. kinèn bakta ing ngarsanira sang prabu | yèn arosa kèn matèni | kinèn abănda yèn atut | lan anak putunerèki | kinèn ngêrik[318] lanang wadon ||
36. gêdhe cili tuwa anom [ano...]
--- [60r] ---
[...m] aja kantun | dèn gancang anakmu ngêndi | dèn inggal karsane ratu | aja sira mawi kumbi | Warigaluh matur alon ||
37. ki apatih kula botên gadhah sunuh | lanang wadon tan darbèni | sapa sintên kang atutur | edahne kang asung warti | bisa gawe laraningong ||
38. angandika ki patih apa abamu | aja goroh sira anjing | age wêtokna anakmu | mbok dadi dukaning aji | têmahan sira dikêthok ||
39. èsmu tangis ature Ki Warigaluh | botên darbe kêdhah-kêdhih | pêjaha diparak ngantu | pêluh dumuh dobol mangkin | yèn kula darbe gagêcok ||
40. para mantri sadaya asaur manuk | aja sira mawi kumbi | wus lami wartane katur | duk jênênge ratu dhingin | anging nora winiraos ||
41. wantêk[319] wantuning ratu agung asêpuh | ana ngapuraning dhingin | mangke jêr wis salin ratu | anom nora kaya dhingin | gêdhe sêsikuning mêngko ||
42. lamon nora ngaku sira Warigaluh | nora wande dèn tumpêsi | kabèh saanak putumu | athuk kang ngakua kaki | amung ngakên wong sawiyos ||
43. Warigaluh [Wa...]
--- 60 ---
[...rigaluh] matur sarwi ngusapi luh | adarbe kawula dhingin | wus pêjah abantal[320] taun | inggih lanang anak mami | wus alami ngêmbang laos ||
44. Ki Apatih Mangkurat ngandika asru | Warigaluh iki angling | angling-anglingan kadulu | mêndhêk ing apadhang iki | gorohe saya katonton ||
45. kakehan polah payo maring alun-alun |[321] babok mêngko dèn susuli | ki patih saksana kundur | Ki Warigaluh wus kering | anak putune dèn boyong ||
46. wus dèn giring Ki Warigaluh marlêsu | warnane asawang mayit | anak putune gumruduk | padha anangis samargi | sêsambate ting gêralok ||
47. ingurung-urung gêgaman Ki Warigaluh |[322] binarisan kanan kering | wus prapta ing alun-alun | wêlas sakèhe ningali | padha kasmaran kang tumon ||
24. Asmarandana
1. wus prapta ngarsa sang aji | Ki Prabu Anom tumingal | nora pangling ing ramane | tumêdhak sing dhêdhampar mas | pinalayon kang rama | Ki Warigaluh nèng ngayun | arsa nêmbah kadhinginan ||
2. Ki Prabu Anom nungkêmi [nungkê...]
--- [61r] ---
[...mi] | ing padanira kang rama | gumantos nêmbah ibune | Warigaluh tanpa ngucap | gêgêtuning kalintang | panyanane Warigaluh | sang nata arsa anuwak ||
3. Sang Prabu Anom lingnya ris | sarwi angusapi waspa | mêgat-mêgat pamuwuse | rama kula putra dika | kang aran pun Nastapa | kang dika buwang ing laut | dikapusi ngambil ulam ||
4. kang rama emut ing ati | angrangkul sarwi karuna | adhuh gusti anak ingong | kang ibu anjrit kantaka | gumuling onèng lêmah | Sang Prabu Anom amuwus | maring sagunge pawongan ||
5. si ibu baktanên aglis | mantuk dhatêng dalêm pura | unggahêna tandhuningong | pawongan jêngêr tumingal | aglis sami dèn rampa | ingunggahakên ing tandhu | binakta mring dalêm pura ||
6. sakathahe kang anangkil | sami gagêtun sadaya | Patih Mangkurat anjombêlong |[323] marase ing atinira | sakèhe kang punggawa | mantri kang dèn utus wau | ulate sami apêthak ||
7. padha nora darbe gêtih | gagêtun ing polahira | duk wau sugal basane | mring kang rama sri nalendra | padha konjêm ing lêmah | lwir pitik sinambêr [si...]
--- 61 ---
[...nambêr] ulung | pating dhapèpès[324] kang seba ||
8. wus wungu sri narapati | ingkang rama ingaturan | maring ing kadhatyan age | ingiring dening bêdhaya | sang nata dèrèng bubar | maksih sineba sang prabu | angandika mring apatya ||
9. patih êndi sanak mami | kabèh padha kumpulêna | ing ngarsaningsun ing kene | ya ta sagunging santana | pinêpêk onèng ngarsa | gêdhong binuka sang prabu | kang isi rajabarana ||
10. wus dinumakên wêradin | santana tan kalentangan | gêdhe cilik lanang wadon | sami pinaring kancana | nyakati-kati sewang | kang lanang pinaring dhuwung | wêrata pêndhok kancana ||
11. dodot kuluk lan kulambi | sabuk cêlanane pisan | warata pinaring kêton | sami ngalih atus sowang | wong wadone sinungan | wastra lungsir alus-alus | kêmboja sami kêmboja ||
12. sêlari padha sêlari | jong sarat padha jong sarat | ingkang cindhe padha cindhe | ki juru mudhi abungah | anêmbang kandhang dhowa | iya lompèh dhok-kêdho-kung | ditanuna adol cara ||
13. abang lêgi putih gurih | mêngko bêngi sida lunga | dak tuku sangu sing akèh | wong seba mèngsêm sadaya | padha agulêgêsan [a...]
--- [62r] ---
[...gulêgêsan] | arsa gumuyu atakut | ki juru mudhi tumingal ||
14. kang gêmuyu dèn umbangi | kon mêngguyu guyu apa | jangan banyak mulut kowe | jangan lu bêrani gaya | lu tidhak kadhêngêran | saya mudha jadhi dhatuk | saya dhapêt untung bêsar ||
15. jangan lu brani-brani |[325] dhudhuk dhêkêt-dhêkêt saya | tidhak punya mata kao | saya suruhannya Jendral | Drondros Pêrsi prasetan | kalu kao tidhak takut | sabêntar dhapêt cilaka ||
16. nanti aku pukul dhadhi | pêcah lu punya kêpala | para mantri padha wêdos | sami têbih gènnya lênggah | angucap ing rowangnya | sêkarang adha kumêndur | satu orang trêlalu kêras |[326]|
17. mangkana sri narapati | sakèh rowange dodolan | kang bêngèn duk maksih rare | sadaya wus ingandikan | padha sinungan lênggah | ana ginawe tumênggung | ana kang ginawe răngga ||
18. ana ginawe ngabèi | dêmang atanapi arya | warata kang lungguh lante | sêntanane sri nalendra | padha ngalih sadaya | dalêm pêdhêk ngalun-alun | sadaya [sada...]
--- 62 ---
[...ya] wus awibawa ||
19. mantuk ngêdhaton sang aji | mantri sadaya wus bubar | sang nata praptèng kêdhaton | kang ibu kêpanggih lênggah | lagi wungu kantaka | sapraptanira sang prabu | rinangkul kinosya-kosya ||
20. adhuh anak ingsun gusti | si biyang nora anyana | nora asyapêna[327] ingong | yèn apanggiha lan sira | sun sênggih sira pêjah | kalêbu ana ing laut | ingsun nora nyana pisan ||
21. priye polahira dhingin | duk ana têngah lautan | nora sambat-sambat ingong | pantês kowe nangis mana | kaya wus janjining Yyang | baya ing mêngko tinêmu | cêlathunira ing kina ||
22. măngsa bodhoa si bênthing | nora goroh pangucapnya | kaya upas pangucape | dhuh lae nora kayaa | mendahe sira nyawa | mangu-mangu onèng laut | bari awawêlah mana ||
23. sang nata dèrèng kêna ngling | adangu nulya ngandika | tutur polahe bêngiyèn | purwa têkèng duksinanya | sakathahe miyarsa | padha gawok myarsa tutur | sarwi angusapi waspa ||
24. nêngêna sri narapati | apêpanggih lan kang rama | wontên ganti winiraos [wi...]
--- [63r] ---
[...niraos] | kang tinilar pagulingan | Kèn Dèwi Sarirasa | satanginira sang ayu | pêpungun asmu waspa |[328]|
25. kang raka dèn gurayangi | pagulingan nora nana | ingubêk sanjro kêdhaton | kang raka nora kapêdhak | minggah ing pagulingan | tumingal ing karangulu | ana rontar[329] mawi surat ||
26. kang sêrat dèn ling-ilingi | winaos sinukmèng driya | wus kabuka surasane | dadya matur mring kang rama | nêdha sinusulêna | mring Bragêdad karsanipun | sang nata nuruti karsa ||
27. ingatêrakên tumuli | sang putri dhatêng Bragêdad | ki patih kang ngatêrake | ambakta kapal sawidak | samakta gêgamannya | bêkta wadya walung èwu | tanapi kang rajabrana ||
28. ambakta salawe kèci | alama onèng samodra | tan kawarnaa lampahe | sampun prapta ing muara | manggih baitra dagang | ki patih têtakèn gupuh | ki anak ingsun têtanya ||
29. ing pundi muara iki | sumaur kang tinakenan | muara Bragêdad arane |[330] ki patih malih atanya | sapa jênênge paman | ingkang ajumênêng ratu | sumaur kang tinakenan ||
30. kang jumênêng ratu
--- 63 ---
dhingin | Maharaja Suryangalam | mangke wus asalin katong | mantunira sri nalendra | aran Jaka Nastapa | kang gantyani dadi ratu | Prabu Anom ing Bragêdad ||
31. ki patih atakèn malih | mulane Jaka Nastapa | kapundhut mantu sang katong | apa kang dadi jalaran | sumaur wong adagang | milane ingambil mantu | kawitane ngambil sraya ||
32. ngalahakên musuh kapir | gawoke ati kawula | dene kaliwat kathahe | musuhe ratu dikjaya | botên susah apêrang | mung kudhinipun kang ngamuk | kang mêsah têluk sêdaya ||
33. ki patih micorèng ati | yèn mangkono gustiningwang | kang jumênêng ratu anom | ki patih nulya wotsêkar | matur mring sang juwita | umatur sasolahipun | ature lwir dhalang wignya ||
25. Gambuh
1. sandyah amiyarsa tutur |[331] jatya sira lwir siniram banyu wayu |[332] sakêlangkung bungahira sang suputri | bapa ingsun liwat sukur | kang êmas jumênêng katong ||
2. panêdhaku ing Yyang Agung |[333] kakang êmas jêjamaha patpuluh |[334] arabia putri sêkawan mami |[335] langkung dadi bungah ingsun [ing...]
--- [64r] ---
[...sun] | sun dadia juru pamongmong |[336]|
3. dika bapa sun utus | rumuhuna matura sang prabu | sêsampana bapa patih |[337] matura yèn ingsun rawuh | warahên yèn onêng ingong ||
4. ki patih amit sampun | nitih sampan laju ing lèpèn agung |[338] andarung lampahira lumaris |[339] datan kawarnaa ing ênuh[340] |[341] ki patih wus prapta ing don ||
5. praptèng pangkalan sampun | nulya nancang sampan ki patih |[342] tumurun saking sampan lampahira lumaris |[343] ingiring wong kawan puluh | agêgancangan kemawon ||
6. nêngêna ki patih wau |[344] dyan kocapa sang na tinangkil |[345] pinarêk ing sokasana sang aji |[346] pêpêk kang seba supênuh | lir paksi kêrdha paratyan |[347]|
7. ratu kêkalih sampun | onèng ngarsa miwah patih tumênggung |[348] dêmang arya răngga kêlawan ngabèi | para santana nèng ngayun | kang tan têbah lawan sang katong |[349]|
8. lagya anggunêm catur | kasaru opyaking wadu |[350] gègèr ing jawi sapraptane ki patih | jumarojok lampahipun | ing ngarsa pan arsa morot ||
9. panêdhane kang anurun |[351] dhatêng Yyang Kang Maha Luhur |[352] kaping
--- 64 ---
kalih Nabi Mukhammad minurti | têtêpêna imannèki |[353] panjangêna yusyaningong ||
Suraastra kaparingan bêrahan: [...][354] 12 langkung 25 kèthèng.
1 | Tanggal: Ngahad Paing kalih likur (22) Sêla (Dulkangidah) Êdal (Dal): bumi rana ardining rat (AJ 1751). Tanggal Masehi: Minggu 18 Juli 1824. (kembali) |
2 | nêgarèng (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | lohjinawi. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: tinakutan ingkang musuh. (kembali) |
5 | anèng. (kembali) |
6 | Variasi: sang dyah (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | ibunya. (kembali) |
8 | Variasi: anèng (dan di tempat lain). (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: kawula gêdhong tata paseban. (kembali) |
10 | gandhèk. (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata: guru dadi klawan guru êbak. (kembali) |
12 | baluwarti. (kembali) |
13 | mojar (dan di tempat lain). (kembali) |
14 | miring. (kembali) |
15 | gêlung. (kembali) |
16 | asasunu (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | angênting. (kembali) |
18 | ngêntèkakên. (kembali) |
19 | ajro (dan di tempat lain). (kembali) |
20 | Variasi: lampahirèki (dan di tempat lain). (kembali) |
21 | rèjèng alêpitan. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: angin adrês lisus awor lan riris. (kembali) |
23 | Biasanya guru lagu a: kayu sapupu saêkal. (kembali) |
24 | aldaka. (kembali) |
25 | ngodhok. (kembali) |
26 | bramana. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: sok têmên-têmêna. (kembali) |
28 | enggale. (kembali) |
29 | pacrabakan. (kembali) |
30 | tutug (dan di tempat lain). (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: Insa Allahu Tangala. (kembali) |
32 | angyaktèni. (kembali) |
33 | pusthi. (kembali) |
34 | lèkira. (kembali) |
35 | datapitanên. (kembali) |
36 | wus. (kembali) |
37 | Lebih satu suku kata: winehan kêkasih. (kembali) |
38 | gumajang-kèwèr. (kembali) |
39 | pacêlathon. (kembali) |
40 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
41 | manthêlêngi. (kembali) |
42 | dika. (kembali) |
43 | Lebih satu suku kata: padha dolana omahmu dhewe. (kembali) |
44 | raryyalit. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: sakathah raryyalit. (kembali) |
46 | Biasanya guru lagu o: calêmang-cêlemong. (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata: pinênging saya ngakokkên ati. (kembali) |
48 | dhodhog-dhodhog. (kembali) |
49 | êndhase. (kembali) |
50 | Kurang satu suku kata: aja arêraton. (kembali) |
51 | Biasanya guru lagu o: calêmang-calêmong. (kembali) |
52 | Kurang satu suku kata: bêkja yèn pukula pantat bae. (kembali) |
53 | Kurang satu suku kata: dene anake gêlis agêdhe. (kembali) |
54 | Biasanya guru lagu e: dhingin ingsun liwat kapingine. (kembali) |
55 | Biasanya guru lagu i: duwe anak awêkasan mangkin. (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata: jaluk têtapa guna kasaktin. (kembali) |
57 | Biasanya guru lagu o: anyalêmong. (kembali) |
58 | Kurang satu suku kata: saya prihatining jalu èstri. (kembali) |
59 | warih. (kembali) |
60 | ngêtutake. (kembali) |
61 | Variasi: trêsna (dan di tempat lain). (kembali) |
62 | kinapakakên. (kembali) |
63 | damu. (kembali) |
64 | ambanjur. (kembali) |
65 | sumrêpêt. (kembali) |
66 | saya. (kembali) |
67 | anjala. (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: padha alayar mêlawang. (kembali) |
69 | Lebih satu suku kata: gègèr iwak dèn pêndhêti. (kembali) |
70 | malandang. (kembali) |
71 | Variasi: dipun (dan di tempat lain). (kembali) |
72 | Biasanya guru lagu u: kang pulo gênge kêlangkung. (kembali) |
73 | kaliyang. (kembali) |
74 | brêbêgên. (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata: suwarane gêndêruwo ting garobyag. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: umyang gumrah setane ababêdhayan. (kembali) |
77 | Lebih satu suku kata: bokne sira kwalat. (kembali) |
78 | Lebih satu suku kata: padha lumayu adoh kang brakasakan. (kembali) |
79 | Lebih satu suku kata: gumrêrah ting jalêrit. (kembali) |
80 | cèlèng. (kembali) |
81 | gêrêng. (kembali) |
82 | dèn. (kembali) |
83 | sukanting. (kembali) |
84 | ngambah. (kembali) |
85 | Lebih satu suku kata: tan bisa ngambah sgara. (kembali) |
86 | Lebih satu suku kata: Jaka Nastapa nulya lumampah. (kembali) |
87 | Lebih satu suku kata: dharatan gunung datan katingal. (kembali) |
88 | Biasanya guru lagu u: rêratun. (kembali) |
89 | èsthine. (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata: liwung tingale Jaka Nastapa. (kembali) |
91 | ngèmpèr. (kembali) |
92 | kuncup (dan di tempat lain). (kembali) |
93 | mangisor. (kembali) |
94 | kinuncupakên. (kembali) |
95 | gagana. (kembali) |
96 | Lebih satu suku kata: Jaka Nastapa prau gagana. (kembali) |
97 | lintang (dan di tempat lain). (kembali) |
98 | eram (dan di tempat lain). (kembali) |
99 | kamayangan. (kembali) |
100 | Lebih dua suku kata: bagja kamayangan na kang sun takèni. (kembali) |
101 | Lebih satu suku kata: Jaka Nastapa wus prapta kana. (kembali) |
102 | Lebih satu suku kata: Ki Nastapa têka nuli sila. (kembali) |
103 | pinăngka. (kembali) |
104 | Lebih satu suku kata: wuri kulup pundi kang pinăngka. (kembali) |
105 | Ngêrum. (kembali) |
106 | sabuk (dan di tempat lain). (kembali) |
107 | kasaktène. (kembali) |
108 | Lebih satu suku kata: ngambah toya saktène rante puniki. (kembali) |
109 | thole. (kembali) |
110 | kuncupakên. (kembali) |
111 | kandhas. (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata: kula kyai arsa ambancana. (kembali) |
113 | Lebih satu suku kata: sampun jinuput kang kêpêt kuning. (kembali) |
114 | kagyat. (kembali) |
115 | Lebih satu suku kata: wêkasan mujar dubilah setan. (kembali) |
116 | binatang. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: landheyan tumbak padha nguyunan. (kembali) |
118 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
119 | Biasanya guru lagu a: pêgat. (kembali) |
120 | Kurang satu suku kata: priye margane wêruha. (kembali) |
121 | sumunu (dan di tempat lain). (kembali) |
122 | kawrat. (kembali) |
123 | tamsir (dan di tempat lain). (kembali) |
124 | katog. (kembali) |
125 | eman. (kembali) |
126 | tudingana. (kembali) |
127 | myarsa. (kembali) |
128 | Kurang satu suku kata: myarsa ature Ki Basir. (kembali) |
129 | ngapirani. (kembali) |
130 | Lebih satu suku kata: pantêse amblês kewala. (kembali) |
131 | Lebih satu suku kata: nyata kwasa rantene si anak bagus. (kembali) |
132 | ngidab-idabi. (kembali) |
133 | tondhe-tondhenipun. (kembali) |
134 | sacakra. (kembali) |
135 | Kurang satu suku kata: cacak para badhenên sapangawruhmu. (kembali) |
136 | gêmêt. (kembali) |
137 | Nastapa. (kembali) |
138 | Kurang satu suku kata: padha uwong tanpa pikir. (kembali) |
139 | Kata anggambuhi lazimnya sebagai sasmita tembang Gambuh, tetapi tembang berikutnya Wirangrong. (kembali) |
140 | Pupuh Wirangrong ini tidak sesuai dengan aturan tembang macapat umum. Terdapat berbagai variasi guru wilangan di 13 dari 24 bait, dan di gatra ke-3 sejumlah variasi guru lagu. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan-kaki. (kembali) |
141 | bagjane. (kembali) |
142 | tumulya. (kembali) |
143 | kang. (kembali) |
144 | agolèka. (kembali) |
145 | pinggir. (kembali) |
146 | Kurang tiga suku kata. (kembali) |
147 | pawaka. (kembali) |
148 | pan. (kembali) |
149 | Kurang satu suku kata: kiyai trêlalu bisa. (kembali) |
150 | eman-emani. (kembali) |
151 | tarantang (dan di tempat lain). (kembali) |
152 | dak. (kembali) |
153 | caluke. (kembali) |
154 | dêlênge. (kembali) |
155 | Kurang satu suku kata: êndi mangke dak dêlênge rantenira. (kembali) |
156 | Kurang satu suku kata: rante kancana lan kudhi. (kembali) |
157 | Kurang satu suku kata: baya kudu dêdagangan. (kembali) |
158 | ijol. (kembali) |
159 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
160 | Lebih satu suku kata: awor ing jarahan nut ing marga. (kembali) |
161 | nglukari. (kembali) |
162 | Lebih satu suku kata: lon lampahe dènira lumaris. (kembali) |
163 | trêgalung. (kembali) |
164 | Lebih satu suku kata: Jaka nastapa mèngsèm ningali. (kembali) |
165 | Kurang satu suku kata: tuhu kayuyun polahe. (kembali) |
166 | binaya. (kembali) |
167 | mêngsah (dan di tempat lain). (kembali) |
168 | Lebih satu suku kata: rumuhun sampun nglamar sang putri. (kembali) |
169 | sande. (kembali) |
170 | Lebih satu suku kata: siyos lêlamar maring sang putri. (kembali) |
171 | Kurang satu suku kata: dèn pêndhêt rajadarbene. (kembali) |
172 | Variasi: cilik (dan di tempat lain). (kembali) |
173 | Lebih satu suku kata: padêdesan sampun ingobongan. (kembali) |
174 | Lebih satu suku kata: wadya pinapag dening sang aji. (kembali) |
175 | Lebih satu suku kata: tanpa wilangan ratu kang prapta. (kembali) |
176 | Lukananta (dan di tempat lain). (kembali) |
177 | mapag (dan di tempat lain). (kembali) |
178 | Variasi: kidul (dan di tempat lain). (kembali) |
179 | kilen. (kembali) |
180 | sinêbar. (kembali) |
181 | sawênèh. (kembali) |
182 | antêng. (kembali) |
183 | Lebih satu suku kata: lwir mas sinangling sang dyah slirane. (kembali) |
184 | Biasanya guru lagu o: juroh. (kembali) |
185 | Kurang tiga suku kata: salwir gawening wong. (kembali) |
186 | Kurang satu suku kata: kitab usul durat bayan tasdik. (kembali) |
187 | ngênting. (kembali) |
188 | Lebih satu suku kata: angliyêp sadhela nora suwe. (kembali) |
189 | mancorong. (kembali) |
190 | Lebih dua suku kata: gêtun sun biyang kêpati-pati. (kembali) |
191 | saruni. (kembali) |
192 | bobolna. (kembali) |
193 | Kurang satu suku kata: lwir ambêdhahna akasa. (kembali) |
194 | ingkang. (kembali) |
195 | amondhok. (kembali) |
196 | Lebih satu suku kata: padha mondhok anèng ngriki. (kembali) |
197 | ingsun. (kembali) |
198 | pêpanggungan. (kembali) |
199 | sadina. (kembali) |
200 | manuk. (kembali) |
201 | dhêsthi. (kembali) |
202 | budhak. (kembali) |
203 | sumangkeyan. (kembali) |
204 | Lebih satu suku kata: alakia wong kapir sun plaur lampus. (kembali) |
205 | Variasi: amaguta (dan di tempat lain). (kembali) |
206 | cukit. (kembali) |
207 | giwang. (kembali) |
208 | sok. (kembali) |
209 | priyăngga. (kembali) |
210 | anggawêra. (kembali) |
211 | Prênggi (dan di tempat lain). (kembali) |
212 | ingong. (kembali) |
213 | Variasi: suh sirna (dan di tempat lain). (kembali) |
214 | têngari. (kembali) |
215 | pinapagakên. (kembali) |
216 | lincak-lincak. (kembali) |
217 | Yang lazim disebut gendhing Undur-undur Kajongan. (kembali) |
218 | sore. (kembali) |
219 | Biasanya guru lagu o(e): arja ngangge glang pelake. (kembali) |
220 | Kurang satu suku kata: bêrêg-binêrêg punang wong. (kembali) |
221 | gumrêk. (kembali) |
222 | Lebih satu suku kata: cèthi êmban lan inya. (kembali) |
223 | Lebih tiga suku kata: alăngka awak mami. (kembali) |
224 | jalamprang. (kembali) |
225 | Kurang satu suku kata: mas mirah angandikaa. (kembali) |
226 | tinarungku. (kembali) |
227 | Lebih satu suku kata: dhuh mirah ingsun gusti. (kembali) |
228 | Biasanya guru lagu a: sang kakung lon tumulya. (kembali) |
229 | angrangkul. (kembali) |
230 | pagene (dan di tempat lain). (kembali) |
231 | Biasanya guru lagu a: Ki Prabu Anom iya. (kembali) |
232 | Lebih satu suku kata: radyan wus kinèn lênggah. (kembali) |
233 | Kurang satu suku kata: nora nana kang kalintangan sawiji. (kembali) |
234 | andundum. (kembali) |
235 | Lebih satu suku kata: ngundurkên ratu sasra nagara. (kembali) |
236 | Lebih dua suku kata: tibèng jaja lantaran pipi. (kembali) |
237 | rontal. (kembali) |
238 | sinèlèhakên. (kembali) |
239 | Lebih satu suku kata: kasênên pandam mancur. (kembali) |
240 | anggayuh. (kembali) |
241 | Lebih satu suku kata: babar kêpêt anggayuh akasa. (kembali) |
242 | anutugakên. (kembali) |
243 | Lebih satu suku kata: pailan wong Bragêdad. (kembali) |
244 | sêbar. (kembali) |
245 | Kurang satu suku kata: mêngko ingsun atêtanya. (kembali) |
246 | Lebih satu suku kata: tigas kawuryyan pundi pinăngka. (kembali) |
247 | Kurang satu suku kata: sanggèn kawêlasarsa. (kembali) |
248 | Lebih satu suku kata: panggih manira paman. (kembali) |
249 | Lebih satu suku kata: dèrèng uninga pêrnahe kyai. (kembali) |
250 | Lebih satu suku kata: kula ingutus dera sang aji. (kembali) |
251 | puniku. (kembali) |
252 | Lebih satu suku kata: kawula jêng-ajêng ing lamine. (kembali) |
253 | Biasanya guru lagu o: kabèh dipun boyong. (kembali) |
254 | Lebih satu suku kata: manawi dika sanggupa anggèr. (kembali) |
255 | Biasanya guru lagu e: kêdhah-kêdhèh. (kembali) |
256 | aprang. (kembali) |
257 | jatènana. (kembali) |
258 | Biasanya guru lagu e: mulèh. (kembali) |
259 | Lebih satu suku kata: katarèng pasang smunira sakti. (kembali) |
260 | radèn. (kembali) |
261 | Kurang satu suku kata: sri nalendra pan dawêk tinangkil. (kembali) |
262 | jumarojog (dan di tempat lain). (kembali) |
263 | Lebih satu suku kata: Jaka Nastapa tansah nèng wingking. (kembali) |
264 | Lebih satu suku kata: angarêp-arêp maring dhèwèke. (kembali) |
265 | Kurang satu suku kata: patih sarayanira puniki. (kembali) |
266 | Biasanya guru lagu o: cahyane mancorong. (kembali) |
267 | Lebih dua suku kata: sang nata myarsa angrês ing tyase. (kembali) |
268 | Kurang satu suku kata: kyai patih sandika ature. (kembali) |
269 | payungira. (kembali) |
270 | panganggène. (kembali) |
271 | krêndha. (kembali) |
272 | sumrêk. (kembali) |
273 | Parangkancana. (kembali) |
274 | Lebih satu suku kata: Jajalsangra putung watangerèki. (kembali) |
275 | Lebih satu suku kata: Jajalsangra alatah suka gumuyu. (kembali) |
276 | aywa. (kembali) |
277 | Kurang satu suku kata: waose Kyai Patya. (kembali) |
278 | Kurang satu suku kata: arsa numbak binacokan tanganipun. (kembali) |
279 | Biasanya guru lagu a: pêgat. (kembali) |
280 | Kurang satu suku kata: kapisanan Jajalsangara mati. (kembali) |
281 | Kurang satu suku kata: Răngga Sutisna nulya anênangkis. (kembali) |
282 | nêrambul. (kembali) |
283 | Kurang satu suku kata: kudhi tarangtang mara anuli bacut. (kembali) |
284 | Biasanya guru lagu a: pêgat. (kembali) |
285 | Kurang satu suku kata: Ratu Ngambarkancana bêndu kêlangkung. (kembali) |
286 | Lebih satu suku kata: Ratu Bragdad papagêna tandang ingsun. (kembali) |
287 | Biasanya guru lagu u: binacuk. (kembali) |
288 | aywa. (kembali) |
289 | amba. (kembali) |
290 | sadarum. (kembali) |
291 | Anom. (kembali) |
292 | Biasanya guru lagu u: aja nama ratu roro radyan iku. (kembali) |
293 | Kurang satu suku kata: saprabone sang nata wus dipun rasuk. (kembali) |
294 | lêngganèng. (kembali) |
295 | pulang lulut. (kembali) |
296 | Kurang satu suku kata: tansah sira pulang lulut. (kembali) |
297 | Lebih satu suku kata: tut adulur sang dyah dènira mêmaru. (kembali) |
298 | kinêmbul. (kembali) |
299 | Biasanya guru lagu o: gupoh. (kembali) |
300 | Lebih satu suku kata: Warigaluh punika ta sang aulun. (kembali) |
301 | Kurang satu suku kata: alanang amung sawiji. (kembali) |
302 | biyangipun. (kembali) |
303 | Biasanya guru lagu o: ingsun priksanane mêngko. (kembali) |
304 | Biasanya guru lagu o: rongpuloh. (kembali) |
305 | Biasanya guru lagu o: wismanipon. (kembali) |
306 | Kurang satu suku kata: sapraptane kyai patih. (kembali) |
307 | ungsikêna. (kembali) |
308 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
309 | Lebih satu suku kata: dadi juru mudhi rung ana sêtaun. (kembali) |
310 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
311 | Biasanya guru lagu u: têka mêngko dèn garudugi umahku. (kembali) |
312 | priyayi. (kembali) |
313 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
314 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
315 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
316 | bokonge. (kembali) |
317 | ulatipun. (kembali) |
318 | ngêrig. (kembali) |
319 | watêk. (kembali) |
320 | agantal. (kembali) |
321 | Lebih satu suku kata: kakehan polah payo mring alun-alun. (kembali) |
322 | Lebih satu suku kata: ingrung-urung gêgaman Ki Warigaluh. (kembali) |
323 | Lebih satu suku kata: Patih Mangkurat anjomblong. (kembali) |
324 | dhêpèpès. (kembali) |
325 | Kurang satu suku kata: jangan êlu brani-brani. (kembali) |
326 | Lebih satu suku kata: satu orang trêlalu kras. (kembali) |
327 | asupêna. (kembali) |
328 | Kurang satu suku kata: pêpungun asêmu waspa. (kembali) |
329 | rontal. (kembali) |
330 | Lebih satu suku kata: muara Bragêdad rane. (kembali) |
331 | Lebih satu suku kata: sang dyah miyarsa tutur. (kembali) |
332 | Lebih dua suku kata: jatya lwir siniram banyu wayu. (kembali) |
333 | Lebih satu suku kata: panêdhaku Yyang Agung. (kembali) |
334 | Lebih satu suku kata: kakangêmas jamaha patpuluh. (kembali) |
335 | Kurang satu suku kata: arabia putri sêkawana mami. (kembali) |
336 | Lebih satu suku kata: sun dadi juru pamongmong. (kembali) |
337 | Kurang empat suku kata: sêsampana bae iku bapa patih. (kembali) |
338 | Lebih satu suku kata: nitih sampan laju ing lèpèn gung. (kembali) |
339 | Kurang dua suku kata: andalarung lampahira alumaris. (kembali) |
340 | ênu. (kembali) |
341 | Lebih satu suku kata: datan kawarna ing ênu. (kembali) |
342 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: nulya nancang sampan patih wau. (kembali) |
343 | Lebih dua suku kata: tumrun saking sampan lampahira aris. (kembali) |
344 | Lebih satu suku kata: nêngna ki patih wau. (kembali) |
345 | Kurang satu suku kata: dyan kocapa sang nata tinangkil. Biasanya guru lagu u. (kembali) |
346 | Kurang satu suku kata: pan pinarêk ing sokasana sang aji. (kembali) |
347 | Biasanya guru lagu o: paratyon. (kembali) |
348 | Lebih satu suku kata: nèng ngarsa miwah patih tumênggung. (kembali) |
349 | Lebih satu suku kata: tan têbah lawan sang katong. (kembali) |
350 | Kurang dua suku kata: kasaru ana opyaking wadu. (kembali) |
351 | Lebih satu suku kata: panêdhane kang nurun. (kembali) |
352 | Kurang dua suku kata: dhumateng Yyang Ingkang Maha Luhur. (kembali) |
353 | Biasanya guru lagu u: imannèku. (kembali) |
354 | simbol. (kembali) |