Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 29–50)
1. | Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 29–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 51–71). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 49r lanjutan] ---
29. Asmaradana
1. lah kaki mantukèng benjing | mumpung abêcik dinanya | besuk ping têlu tanggale | sêdhêng kaki lawasira | wadya lit pradandanan | mêngko kurang pitung dalu | rahadèn matur sandika ||
2. sang tapa nganan angliring | hèh jaba sira sun duta | dhawuhana putraningong | Ki Wirasastra prentaha | mring Suli Pragalba |[1] lawan Wiradi katêlu | esuk padha asaosa ||
3. Yudapati myang Pratali- | yuda ing besuk dèn enjang | wus rampung timbalan katong | manêmbah ingkang dinuta | lèngsèr saking
--- [f. 49v] ---
ngarsendra | ngandika malih sang wiku | lah wis kaki umantuka ||
4. atata-tataa sami | tur sêmbah lèngsèr rahadyan | sangking ngabyantara rajèng | kondur sang maha pandhita | wus manjing dhatulaya | datan kawarna ing dalu | enjing pêpak kang sewaka ||
5. Ki Wiradi prapta enjing | myang Ki Sutali Pragalba | Dyan Yudapati wusdene | lan Gusti Prataliyuda | ya ta Menak Sujalma | lan rahadèn sawêg rawuh | kalih akêkanthèn asta ||
6. wus lênggah rahadèn kalih | ngandika Dyan Wirasêstra | baya dangua praptane | andhêku Kyai Pragalba | gusti kantun pun uwa | bawanipun tiyang sêpuh | sarwa taledhor pun uwa ||
7. pun nak Wiradi kang enjing | Dyan Yudapati turira | pun paman anggèr bêsono | punika wontên punapa | radèn aris saurnya | kawula paman dèrèng wruh | kasaru wiyos sang tapa ||
8. kagyat sêdaya gumingsir | andhadhok nèng palataran | wus lênggah kangjêng sang katong | nulya alon angandika | padha sira linggiha | wotsêkar lênggah sêdarum | ngandika malih narendra ||
9. kaki mantuka ing benjing | sun bêktani radèn sira | rêrêmbat salêksa kèhe | pratiganên benjang praja | dene ni putri radyan | iya iku wonge sèwu | kang rumêksa marang sira ||
10. kang ngabani Si Wiradi | samêkta sikêp ngayuda | lan sun wèhi sira radèn | ingkang mambu wangsaningwang | Radèn Prataliyuda [Prata...]
--- [f. 50r] ---
[...liyuda] | ingkang among Nini Galuh | mêngko sun pasrah ing sira ||
11. ing sakarsanira kaki | gonira amrih prayoga | ing sakarsanira angrèh | amrih pêkantuking karya | lah padha pirsakêna | Dyan Prataliyudandhêku | Wiradi atur sandika ||
12. putraningsun Ni Supadni | lah iku wonge sanambang | Si Sutali têtindhihe | Sujalma iku ta sira | ingkang ngrèhna ing karya | Sujalma andhêku-dhêku | kapundhi anèng mastaka ||
13. ngabêkti sira Sutali | kawula dhatêng sandika | Wirasastra sèwu wonge | têtindhihe Si Pragalba | dening kang mong ing sira | Ki Yudapati sun tuduh | iku dikaya manira ||
14. rumêksanira sêsiwi | Dyan Yudapati turira | tan sagêd amba matur kèh | Ki Pragalba tur pranata | sakarsa sri narendra | kang abdi dhatêng gumulung | sakarsa-karsa sandika ||
15. sang tapa ngandika malih | kabèh padha pirsakêna | kang minăngka awak ingong | putraningsun kaki Radyan | Jayalêngkara poma | aja na malang rèhipun | prasat wani maringwang |[2]|
16. sêdaya sarêng tur bêkti | pan samya matur sandika | wruhanira kaki radèn | kabèh iku pêpilihan | iya padha tilasan- | ing mantri iku rumuhun | pan misih duwe prasanak ||
17. samêkta wadyane ugi | sagêgamaning ayuda | lan sakèhe gêndhingane | iku kang rumêksèng [ru...]
--- [f. 50v] ---
[...mêksèng] sira | barang ing karsanira | myang kèh dhukuh-dhukuh iku | kabèh lah sira gawaa ||
18. malah aja na kang kari | rahadyan sami pranata | nulya prapta tadhahane | wus katur samya anêmbah | wus kinèn dum sêdaya | prasamya nadhah akêmbul | wusan wus samya amucang ||
19. angandika sang atapi | lah uwis padha bubara | apranata mantri kabèh | wus bubar sami suwega | kantun putra katiga | angandika sang aulun | lah kaki dhin mandhêga |[3]|
20. samyambêkti satriya tri | sang maha yêkti ngandika | yèn sira jumênêng rajèng | kaki sira ngulatana | ing wong patang prêkara | pan iki lire wong catur | kang dadi tumbaling praja ||
21. rêtna dyah curiga pêksi | liring kadya èstri ika | rahayu barang budine | kang sabar kang ati sêtya | mrih rahayuning praja | kuwasa angrèh rahayu | anorakên mungsuh bisa ||
22. rumêksèng wadyanta bangkit | yèku wong kadi wanita | tur wong mêngkono ambêke | pan rinêksa ing Pangeran | sakarsane tinêkan | minăngka wak-awakamu | yaiku gawenên bapa ||
23. dening wong kang kadi pêksi | kitiran ingkang prayoga | ingkang bêcik pangucape | mring wadya punggawanira | samya lulut sih trêsna | pan kacaryan ingkang wuwus | warga gung alit sih trêsna ||
24. bala tani dèn rih-arih | mratani sêbdaning wadya | tur pêksi lêpas ibêre [ibêr...]
--- [f. 51r] ---
[...e] | wadya gung alit sih trêsna | saking manising sêbda | wruh sapaekaning mungsuh | anorakên mungsuh bisa ||
25. saupayane wus wasis | miwah saosike wikan | iku wêkas ingsun radèn | karyanên pamuwusira | dene wong kadi rêtna | iku kaki wêkas ingsun | karyanên paningalira ||
26. kadi rêtna mulya wêning | tanpa talutuhing praja | kang awêdi ing Ywang radèn | asih parentah jêng duta | nabi murtining jagat | kang wruh ing praja wong iku | mrih rahayu wong sapraja ||
27. rumêksa tagasing uning | lan wruh ing kira-kiranya | ing mungsuh sura sêktine | karyanên paningalira | angawruhi ing wadya | lara inaning wadya gung | ingkang sêkti wus kawruhan ||
28. dening wong lir curiga di | ingkang landhêp barang karya | putus cipta grahitane | kang nampèni liringira | ki radèn ulatana | kang wikan atining wadu | landhêp siptanya grahita ||
29. wruh karya wadya gung alit | mênêng ing mungsuh uninga | miwah osiking mungsuhe | anorakên mungsuh bisa | kinajrihan ing wadya | anglandhêpakên tyas jugul | dhinandhang wong sanêgara ||
30. Dhandhanggula
1. sêmuning wadya awon pan uning | kang raharja sêmune pan wikan | iku lir curiga rane | karyanên tatah wadung- | ira iku anging dèn maksih |
--- [f. 51v] ---
kajiwa dening sira | titihên ing sêmu | pariksanên dalu siyang | myang bawane yèn sêtya yèn tuhu kaki | wong kang kawan prêkara ||
2. yèn tan tuhu ja kewuhan kaki | sira niksa poma ngulatana | wong catur iku dèn olèh | yèn tan olèh wong catur | aja age jumênêng aji | yêkti sira kandhapan | dening para ratu | kasor kaprawiranira | lan yèn wong kang catur iku durung olih | aja ge ulah yuda ||
3. nadyan galaka kang ponang dasih | apênêda sagêgamanira | dananira sakèhane | yèn tan darbe wong catur | pêsthi kasor yèn sira jurit | dening wadya tan wikan | saulahing mungsuh | kaki pan wêkasing nistha | ina agung yèn ratu kalah ajurit | wirang atêmah papa ||
4. akèh sumrah tan kadi wo[4] jurit | lamun mênang kalangkung sukanya | datan ana pêpadhane | iku sira dèn emut | tingkahira mêngku nêgari | aywa supe sadina | saulahing mungsuh | miwah wadya kang rumêksa | ing nêgara dadi kanthinira kaki | tan lyan wadya sêkawan ||
5. yèn sirantuk wong sêkawan kaki | kang sun ucap jatine yèn êsah | saking sira sakarêpe | sungana lan dèn lulut | wruhanira ing wong abêcik | dadi lajêring kutha | têtangkêbing pintu | măngka srayaning ayuda | nêtêpakên atining wong sanêgari | kang ajrih dadi sura ||
--- [f. 52r] ---
6. pan duwe manik asthaguna di | lan sira amêngku nêgara |[5] aja tilar sêstra radèn | wacanên siyang dalu | esuk sore têngange lingsir | aja bosên amaca | kang winaca iku | nêgara krama kalawan | sandikara lan layang raja pakarti | lan layang kamondaka ||
7. saliring sastra kang ulah jurit | dèn têlatèn kaki sira maca | gêntinên kang maca radèn | wadyanta wruh nèng tuduh | tata-titining sastra yêkti | saulahing nêgara | sêsmitanya sagung | miwah ing wêwadinira | wêruhêna yèn wus kêlakon jinangji | sira nora niaya ||
8. aniksaa wadyan sakèhing |[6] kang angambah wêwadining praja | pemutira pan wus akèh | lan saprakaranipun | rèhning sira ya ulah jurit | aja ngeman ing arta | yèn ayun apupuh | sêpuluh sira kikita | lamun kalah ayuda noranduwèni | wêkasan sira papa ||
9. lawan sira ngemana wong bêcik | iya iku kampuhing nêgara | lah ta kawruhana radèn | wadya kang ala iku | kawruhana wèhana ciri | sangkane wruha ngala | lawan bêcikipun | yèn saking kèhe sèjèkna | myang gawene kang cidra kang tuhu kaki | prihên duwe pêngrasa ||
10. wis mêngkono agawea dasih | kang atanggap ing sêsmitanira [sêsmi...]
--- [f. 52v] ---
[...tanira] | kang tan ana sring angocèh | karakêtêna iku | ênggènira nukmaning niti | yèn ana wadyanira | akèh alanipun | asring angêntasi karya | yèn angambah larangan angrusak niti | yèn tan sira trapêna ||
11. yêkti rusak larangan lan niti | yèn trapêna katon amrailang | ngakên wong ngêntasi gawe | tanpa tolihanipun | dadya wadyanira pinilih | iku ingkang niksaa | nrapêna sabêndu- | nira kalamun wus pêjah | dèn abêcik siluman ja na mantraning | yèn pakon saking sira ||
12. yeka wayanga sênêtan kaki | aywa pêgat atadhaha dukan- | ira kaki dipun akèh | siksanên ing pamuwus | aja age ngecani ing ling | dèn bisa sira nukma | tibaning pamuwus | dadya kèdhêp kang kang parentah |[7] palanipun ingkang ingapura ajrih | lan yèn ana prayoga ||
13. ingkang pantês dhinêndha ing pati | dipun pêsthi ingkang kabubuhan | palane wêdi balane | jrih ing garudugipun | samyambêkti satriya katri | sang tapi malih nêbda | lah ta mêngko dalu | kaki radèn umarêka | pêpanggihan ing kene amêmêkasi | gurnita lawan sira ||
14. atur bêkti satriya katrining | tan lênggana saandika nata | taksih kathah kirangane | langkung sru mudha punggung | samyambêkti satriya katri | dangu dènnya gurnita [gur...]
--- [f. 53r] ---
[...nita] | ywang arka sumurup | luwaran sasi wus mêdal | marêk malih adêdalon sang atapi | amulang ing darmaja ||
15. angraosi cidraning ajurit | lan saulahing amêmungsuhan | pan samya winêdhar kabèh | Jayalêngkara matur | patik aji anuhun ing sih | punapa ingaranan | prawata kang suku | ing arga lawan ing pucak | winastanan Pamriyan punapa arti- | nipun nuwun jinarwan ||
16. ngling sang tapa bênêr iku kaki | dupi ngaranana ingaranan | yèn ana ana yêktine | dadi bênêr sira yun | wruh ing aran lan rupa yêkti | wruha kang duwe aran | lan sira ayun wruh | ingkang ngarani ing aran | pan mêngkene têgêsing Pamriyan kaki | yèku wêkasing tingal ||
17. lan panglêburaning rasa kaki | matur malih Dyan Jayalêngkara | inggih ing pundi têdahe | kang pratapan sang ulun | ling ya kaki gunung arungsit | ing wukir anglêngkara | wukir Palasantun | asrine tanpa upama | rame arum saisining jagat iki | pêpêk anèng Pamriyan ||
18. yèn sira dulu sêpi atitis | rame umyang adawa yèn sira | ucapa iku jatine | kang sira ucap iku | kinarsakkên dening Ywang Widi | pan nanging ananira | dulu tan dinulu | sira uga kang tumingal | mapan [mapa...]
--- [f. 53v] ---
[...n] sira adulu-dinulu dhiri | kang ingaranan sira ||
19. karan ingaran Pamriyan kaki | ingkang pinrih dening sabuwana | yun wikan ling iku kabèh | lamun wis sinungan wruh | arêp uga luwiha saking | kono ywa kajênêkan | ing karone iku | parerenaning paningal | kono ana wangêne ingkang pangliring | dèn èngêt aywa lupa ||
20. atur bêkti radèn turira ris | ingkang pundi winastan awisan | iya ki radèn tunggale | kono uga gonipun | ulatana pan iku sami | amawa panêngêran | radyan nêmbah matur | patikbra anuwun duka | punapaa sagunging ujaring tulis | asangêt parêbatan ||
21. iya puhên budinira kaki | mumpung sira ana ing asrama | dene tan ana pêgate | apêlawanan iku | dening kang wong tan arsambêkti | lumuh atêtakona | dadi sasar-susur | salire pan pêlawanan | yèn kang bênêr palawanan iku kaki | ora yèn kêkaliha ||
22. karo-karone iku wus pêsthi | kinarsakakên dening Ywang Sukma | kinarsakkên ing tunggale | apa ta lire iku | tingalana ing sastra kaki | nora akèh rupanya | ing pamanggih ingsun | ki radèn kèhing aksara | patang puluh pêpitu wruhanta ugi | siji-sijining [siji-...]
--- [f. 54r] ---
[...sijining] sastra ||
23. apa têgêsing êla utawi | êca miwah êra lawan êka | sastra kabèh apa lire | kang patang puluh pitu | ja kaliru salah sawiji | êndi astananira | yèn sira wus wêruh | ing sêstra sira wus nyata | apan nyata wêruh marang ing Ywang Widi | wruh ngakèh wruh ing tunggal ||
24. liyane kang akèh lan kang siji | mapan tunggal lamun sira wilang | sayêktine lamun akèh | yèn uga sira dulu | pêsthi siji dadine kaki | nir tingal nir pangucap | palawanan iku | iku sasmitaning sastra | sira kang dèn arah sawisirèng nunggil | nging sira tiningalan ||
25. nora nana tiningalan malih | têtapi ta maksih rêrantean | tan pêgat marèntèng-rèntèng | bêkti putra katêlu | sumungkêm ing pada sang tapi | lah uwis kaki putra | ti-atinên iku | sampurnaning raganira | wis bubara ing mêngko wus bangun enjing | wong nom-nom lah dandana ||
31. Sinom
1. katiga sami prênata | wus lèngsèr saking ngarsa ji | tan kawarna polahira | mega bang sêmu angrawit | wadya wus sami eling | mangkya wus tanggal ping têlu | ya ta Dyan Wirasastra | sampun akèn atêngawis | wus tinêmbang ki jimat munya angangkang ||
2. orêg ingkang
--- [f. 54v] ---
wadyabala | sanega adandan sami | rêrepote areyongan | ana anuntun turanggi | gendhong anak pribadi | ana ingkang gendhong sangu | nêngna datan winarna | kocapa rahadèn mantri | wus busana akalihan lan kang garwa ||
3. marêk dhatêng ingkang rama | kalih samya angabêkti | Supadni lawan Sujalma | Wirasastra lagya prapti | ngandika sang atapi | poma kaki wêkas ingsun | yèn sira mêngku praja | iki singgahana kaki | ingkang murung ki radèn ing wirya guna ||
4. tri cêndhala singgahana | iku kaki dèn pakeling | iki rupane ajar sa- | darbening wadyanta ugi | aywa sira ngarêpi | siwining wadyanira yu | myang tênayèng sêntana | ya kulup aja sirambil | lawan aja angalap randhaning bala ||
5. tatrap agung cacadira | tan kandêl dening wadya lit | gawe salah graita tan | dèn sêmoakkên kang bangkit | tan enak ngangge nagri | tahèng sira karanipun | wêdi mbok dera alap | iku yitnanana kaki | tri cêndhala têmahe kang wadyabala ||
6. elika ki sêntananta | yêkti wadya kèh gumingsir | wong desa akathah lunga | apa kang dera du ugi | pêsthi kalah yèn jurit | iku [i...]
--- [f. 55r] ---
[...ku] nyawa lah dèn emut | yèn ana wadyanira | ingkang asusuk srah kaki | luwihana iya ing wêwalêsira ||
7. nanging radèn ja kêtara | wêwalêsira ing dasih | lan sira asihèng bala | basanira dèn ngrakêti | sapêpantêsing wanci | prayoganên aja uwun | kang tuwa binasan wa | bapa kaki kakang adhi | wênèh paman ana kang pinutra-putra ||
8. nanging radèn nitinira | iku ta aja wèh gingsir | singa ngambah sira trapna | ja etang sêntana wargi | nging satraping sêstra di | aja kurang aja langkung | ja liwat ing paniksa | kang putra samya ngabêkti | dan sang tapa aris dènnya angandika ||
9. ki radèn lan aja pêgat | sira ngimur ing wadya lit | ing benjang yèn anèng praja | lan aja pêgat ki mantri | ulah pênggawe bêcik | rahadèn nêmbah umatur | pukulun kang punapa | pakarya kang langkung juti | atanapi karya kang langkung utama ||
10. ngandika sang wiku raja | karya kang luwih prayogi | yaiki rupane nyawa | tabêri rumêksa maring | tyasing sami dumadi | yèku karya luwih luhung | kang pracayèng Pangeran | tan gingsir ing wisèning |[8] Gusti Allah iku tingal sabênêrnya ||
--- [f. 55v] ---
11. dening karya luwih ala | ingkang ngrusak ing sêsami | lawan wong kang tan pracaya | ing wisesaning Ywang Widi | iku ala kêpati | liwat padhaning tumuwuh | yaiku kang tinrapan | ingkang bêbêndu Ywang Widi | poma-poma ki radèn lah aywa lupa ||
12. lah wis ta kaki mangkata | ngabêkti satriya katri | aja sira mondhok awan | wong kuda ja lêsu kaki | laku ja anyrang dasih | kêna dèn arah ing mungsuh | lan rusak tatanira | têgêse ta aja lali | dèn prayitna aja gêgampang ing marga ||
13. dèn kadi sapangarêpan | lan mungsuh dera lumaris | sadhawuh dèn aprayitna | ing pakewuh aywa lali | dèn atata ing titi | iyèku têtulèng laku | nulya samya tur sêmbah | sumungkêm pada sang tapi | radèn putra ingusap-usap kiswanya ||
14. lah nyawa mugi ta sira | jinurunga ing Ywang Widi | sarta safangat jêng duta | wus wungu sah atur bêkti | mugyantuk barkat aji | pangèstu tuwan sinuhun | gantya Dyan Wirasastra | sumungkêm pada rama ji | poma-poma kaki aja bèncèng karsa ||
--- [f. 56r] ---
15. mugyantuka sih nugrahan | aja wêdi anglakoni | kang putra sah aprênata | mugyantuka barkat aji | tumulya anungkêmi | ing padanira kang ibu | sori ngêmbêng waspanya | dèn bisa suwita kaki | ingkang putra tur sêmbah ibu sandika ||
16. ngandika arum sang tapa | sira ngabêktia kaki | iya marang ibunira | rahadèn nulya nungkêmi | pada ing ibu sori | kang ibu angupuk-upuk | ing wingkinge putranya | adhuh nyawa putra mi |[9] ingsun titip rabinira langkung mudha ||
17. tan sagêd amangsulana | cipta kawula bu sori | tan rumaos pan kawula | ing putra pada akrami | ngraos pinaring pripih | kapranan kabèh kang ngrungu | gumantya Sang Sujalma | nungkêmi pada sang yogi | angandika alon kangjêng sri nalendra ||
18. kaki sira kang atuwa | momonga rinira kadwi | andhêku tadhah mustaka | mugyantuka bart[10] aji |[11] mangrêrêpa ngabênti[12] | bêkti kewala mring ibu | ya ta putra katiga | wusing bêktya samya pamit | katri lèngsèr saking ngarsa sri nalendra ||
19. Dèwi Sunyagnyana lawan | Nikèn Rêtna Yu Supadni | nungkêmi padaning [pa...]
--- [f. 56v] ---
[...daning] rama | gumantya mring ibu sori | kalihnya saryya nangis | sa[13] tapa tansah angimur | myang ibu sorinira | angimur angarih-arih | pirsakêna Ni Supadni Sunyagnyana ||
20. poma dèn abêkti krama | sacara cirining laki | ywa lênggana sira nyawa | miwah yèn ana prayogi | mungguhing jatukrami | ing priya dipun jumurung | ayya măntra rudita | yèku pratapaning èstri | dèn abangkit nini gènira akrama ||
21. yèn wanita kang utama | sadina-dina tan lali | angona liringi[14] priya | owahe nêtyaning laki | wêwah suruding kang sih | jiningglêng karsaning kakung | iku dèn awaspada | basa lawan ing prayogi | dèn atanggap ing krama sêmuning priya ||
22. tan kêna yèn lêledaa | nampani wangsiting laki | owahe dèn akawruhan | sanèse ingkang pinikir | sanèse dèn karêmi | luputa tampaning kalbu | têmah padudon karsa | dadya sêlaya ing budi | sira nyawa dèn waspada ing wêweka ||
23. panjrahe karsaning priya | bedane sawiji-wiji | wêdhare sira araha | titikên [titikê...]
--- [f. 57r] ---
[...n] nêtyaning laki | pakewuhing akrami | dèn bisa mrih tyasing kakung | iku lungguh wanita | tanggap sasmitaning laki | dèn parimpên sira ngrêksa jiwa raga ||
24. èngêt-èngêt ing wanodya | pêcahe tom[15] ing lungid |[16] sêdhênge têmbung wus bisa | tanggap sêsmitaning laki | iyèku dyah nêstiti | dèn prayitnèng têmahipun | wurunge tingalana | yèn tan mêngkono sira dwi | dèn prayitna nyawa dènira akrama ||
25. asiha ing jawa[17] raga | priye têgêse basa sih | kang dhihin aja kainan | sabubuhaning wong èstri | kaping kalihe malih | aja kêna ing têlutuh | kaping têlune nyawa | aywa cênthula ing laki | lah ta uwis babo sira umangkata ||
26. kang kinon asmu sungkawa | byat ing trêsnèng yayah bibi | anging jrih lêngganèng rama | sang dyah kalih awotsari | ya ta samya lumaris | tiknya calaya[18] sêndhu |[19] gandrung-gandrung lumampah | tan kawarna sang dyah kalih | kang kocapa wadyabala wus sanega ||
32. Puh Pangkur
--- [f. 57v] ---
1. lumrah ngungkurkên ciptanya | ing asrama ing praja kang kaèsthi | wus pêpêk wadya lit agung | ngumpul sêgalongannya | kadi binusanan rêngganing arga gung | dening gumêlaring bala | kang samya saos lumiring ||
2. jalwèstri rare mawênyah | rèhning bayong[20] pindha praja mangalih | apa duk pakramanipun | ramene ing aldaka | anglangkungi pangkataning raja pupuh | songsong tunggul warna-warna | Wiradi prapta rumiyin ||
3. Sutali miwah Pragalba | Dyan Prataliyuda Dyan Yudapati | tan pantara têtêg umyung | rahadèn kèn têngara | anggraita kang wadya orêg supênuh | liman tatiga binêkta | kuda kabèh tan akari ||
4. joli tandhu lan jêmpana | samya nganti wiyose radèn putri | rahina tadhahan mêtu | samya nadhah kêmbulan | ponang wadya jaltri[21] ngambêngan sampun |[22]
--- [f. 58r] ---
wênah tumêkèng parêpat | carikan sanggène kari ||
5. ya ta midêr sabuk wastra | pinaryoga kang agêng lan kang alit | pasangone sampun dinum | parpat jêjarit arta | myang rabining wadya kabèh sami sinung | pêponjènnya tunggil sewang | kêbêk saliring wêwangi ||
6. cinawisan tigang lêksa | kèhing bala pêponjèn kirang jalmi | mêngkana Rahadèn Galuh | sampun nitih matêngga | akalihan lan raka sang abinagus | miwah Radèn Wirasastra | ambubarakên wadya lit ||
7. griting panggritan kalawan | ngrikning kuda angrok swaraning jalmi | panguwuh rowang kang kantun | gadêbêging lumaywa | anglir pendah kêtuging kisma kapitu | wor kumêbuting bandera | myang lêlayu kumbala sri ||
8. angêmandhang ing gêgana | angin lir anjurung lampah umidid | gumrêbêg nrang gunging taru | amêwahi ing swara | tanpa rungwan kriciking astra srang umyung | panguwuhing wong sauran | wadya kang anusul gusti ||
9. ya ta Radèn Wirasastra | sampun munggèng dipăngga pêlana di | kuda kinakarung ngayun | abang aran gurnita | gula gêsêng ingaran pun dewandaru | kang putih pun ariwigra | pan sami kuda ti-ati ||
10. lir dede turanggèng donya | gêng luhure bagus-baguse sami | kadi
--- [f. 58v] ---
sèstuning pangapus | katri sinumbaga bra | tinon yayah andaru dulur lumaku | kang ngampil bagus taruna | kinarung sami nèng wajik ||
11. laris lampahe kang bala | yèn dinulu rapêt tan kêna pinrih | ingkang minăngka pênganjur | sira Kyai Pragalba | munggèng kuda birawa saha pêpayung | Dyan Yudapati ing wuntat | nitih kuda dèn payungi ||
12. Wiradi anata lampah | munggèng kuda ngatepang dèn payungi | dyan pêngantyan kalihan wus | nèng wahana dipăngga | ingaranan pun sapujagad gêng luhur | asring ginawe ayuda | duk maksih anèng nêgari ||
13. pêlana murub rinêngga | ing sêsotya seta pita bang wilis | rêm-rêm maring ing pandulu | lir surya tibèng kisma | rêbut sonar lan rawi ujyala wibuh | tinub ing wadya netyasan- | ira duk ngraja sang tapi ||
14. upacara munggèng ngarsa | kang parêpat samya anganan ngering | joli tandhu anèng pungkur | kuda kinarung ngarsa | ingkang abang pun wiragni wastanipun | ingkang cêmêng pun nênggala | pun pamugari kang putih ||
15. pun abramăngga kang janjan | kang dhawuk pun kaladuta rêspati | pêdhati kang anèng pungkur | rêrepot lan pikulan | Dyan Gusti Prataliyuda tindhihipun | nitih kuda pinayungan | Menak Sujalma nundhuli ||
16. nitih
--- [f. 59r] ---
dipăngga kalihan | kuda kalih kang kinarung ing ngarsi | takuping tal ulêsipun | aran pun abrapuspa | ingkang abang pun pêcalang wastanipun | Ki Sutali munggèng wuntat | nitih kuda dèn payungi ||
17. kari sêpi ing asrama | sampun lêpas gamêlan asrang muni | kang tinilar samya ngungun | lir katilar ing pêjah | samya ngêmu waspa sah ênggone mangu | samya mênggah-mênggah mulat | ing paturon padha sêpi ||
18. miwah asrining asrama | titis dhangdhang agalok-galok muni | kadya nangis isthanipun | bêbidho kapênêtan | isthanya ngruk-ruk mraknya munya angungung | kadyanjêngêr kang kêkaywan | tan ana katub ing angin ||
19. kawarnaa kang lumampah | sampun lêpas gêndhing asrang kapyarsi | sêmana pan lumastantun | kèh dhêkah kainêpan | amrih toya samarga-marga kalangun | tan pêgat winarna dhahar- | ira wrata mring pêkathik ||
20. kamantyan sukaning wadya | lir ginêlak manahira kang dasih | wênèh ana ngajap mungsuh | ciptane nging tan mêdal | ing wêcana anging tyase padha kayun | saking tanbuh walêsêna | ing dana lan sihing gusti ||
--- [f. 59v] ---
33. Asmaradana
1. alamèng marga winarni | sang tapèng giri prawata | sampun miyarsa yèn radèn | kalihan kondur ing praja | ya ta sang apandhita | sêmana pan arsa mêthuk | sagraha egaring manah ||
2. tyasing kênya brăngta nguni | anêlasakên tênaga | ajor-joran dyah pêpaès | tanapi busananira | kang tan darbe nyênyêlang | kang nrima dadak mêmasuh | ya ta wus samya lumampah ||
3. kapapag sira ing margi | sikêpan [sikêp...]
--- [f. 60r] ---
[...an] sami suminggah | radèn sarêng katigane | têdhak sangking swandananya | sruning onêng rangkulan | nêlas sukaning nala pyuh | malah rawuh ing jro pura ||
4. pangrangkule nyai patih | ing radèn putri kalawan | Kèn Supadni atmajane | lir panggih jroning supêna | panêlasing sih trêsna | pan sampun samya pinêthuk | ing kampuh kang adi mulya ||
5. amêr binggêl lawan singsim | radèn paningsêt curiga | ya ta ingkang sami paès | sêdaya ngrusak sumbaga | merang ing sang kusuma | pan kasoran citranipun | dadya angungsut sêdaya ||
6. ngrewangi bêbêthak sami | nèng padharan umyang gumrah | ginawe-gawe sorane | saking tanbuh rasaning tyas | dan Ki Jagawasita | angirid jalma gumrudug | sakèh bêkêl padhêkahan ||
7. pikulan uwos anggili | kinêrig ing para dêmang | kêbo sapi ayam bèbèk | miwah menda lawan sangsam | awêlur tinuntunan | ingiring rêmbatan bumbu | kêlapa tanapi dêgan ||
8. tuntunan lajêng pinatis | kathah dinum mêmêntahan | Ki Jaga kang masrahake | mring Sang Sutali Pragalba | wusdene Ki Wiradya | wêratèng pêkathik jagul | wos bumbu lam malah turah ||
9. kamantyan [kamantya...]
--- [f. 60v] ---
[...n] sukaning dasih | tan ana kang kaliwatan | wênah ing anak rayate | wusdene pisêgah dhahar- | ira sang rinarêngga | langkung tan kêna winuwus | mêdal kampuh saking pura ||
10. wradin dinum kang prayayi | wadya lit tan sinung wastra | pinaringan arta mawon | pan pirang-pirang gotongan | wus binage wêrata | alami sira nèng ngriku | pitung bêngi pitung dina ||
11. anutug sukaning dasih | tan pêgat sinuba-suba | anêlas tingkahing rèrèn | kang repot wus sami rikat | rèhning aso myang dandan | ya ta sêmana winuwus | sira Radèn Wirasêstra ||
12. ing uwa umatur aris | uwa anuwun kawula | putranta kangmas lampahe | sampun andika prih randhat | malah ta kajurunga | inggih wa dimèn lêstantun | mlasakên dasih andika ||
13. ingkang sami mawi èstri | ingkang sêpuh sapintêna | rare alit ting carêngèk | mlasakên dalah biyangnya | wantuning rare kathah | manggèn dede griyanipun | sarwi gumujêng rahadyan ||
14. yèn dalu tanapi enjing | kula tan sagêd miyarsa | angrês manah kula tumon | dene kang sih jêng kakang mas | miwah trêsna andika | gampil kêpanggih ing pungkur | benjing têmbe winangsulan ||
--- [f. 61r] ---
15. gumujêng nêbda sang tapi | sarya angrangkul ing radyan | kang kayuh pungkurane |[23] adhuh gustiku bêndara | jimatipun pun uwa | anggèr galihe wus sêpuh | inggih mêngkêra ing benjang ||
34. Pangkur
1. lan radèn atur kawula | yèn andika anggèr jumênêng aji | dèn ngrêksèng kèh mudha punggung | limrah manah durjana | kaundhangna kah alapèng ngrèh rahayu | wênang nut mêmarènana | tingkah kang mungkar ing bumi ||
2. nêlasna pitutur radyan | ing saene sasolahing praja di | apan andika pinutus | ing susela tan kirang | ing wiweka tan wêlas ing krama tuhu | tapi radèn yèn andika | pitutur amarentahi ||
3. mring bal[24] dika sêdaya |[25] barang dika mrih pênêding pakarti | amrih utami tinêmu | sampun atilar sastra | inggih wajib sarat tiyang yun pitutur | piyambake nêtêpana | dèn panggah gèn anglampahi ||
4. yèn gèr sampun kalampahan | nguningani kalawan anêtêpi | botên angèl kang bala gung | sagung mantri punggawa | kyana patih patih kang mêmatah ratu | niku sami sagêdêna | ing rèh ayu kramaniti ||
5. wêtawis sarewang dika | sarerehan sêdaya yêkti pinrih | pan damêl l rahajêngipun | jêr wus nêtêpi radyan | pêndamêl kang pinituturkên [pinitu...]
--- [f. 61v] ---
[...turkên] puniku | sang patih lawan punggawa | sagung wus sami nglampahi ||
6. samantra mantri wêrata | tiyangnya lit mongsontên purun kari | saanak sarabinipun | kêdah tumut sêdaya | nadyan praja tumut tangi nêdya ayu | marmane wajibing raja | agawe tuladha bêcik ||
7. yêkti tinelad sajagat | yèn ratune ing rèh wus dèn ugêmi | têtêg ing sêmadi tutug | sumêbar ing parentah | marma radèn dipun yitna yèn ing prabu | yêkti tinut ing sajagat | mênggahing rèh sae juti ||
8. alaa tiniru ala | yèn abêcik yêkti tiniru bêcik | anut sasolahing ratu | tiniru isining rat | lan dika èngêta nabi kita masku | andhêku radèn katiga | mugyantuka pangèstuning ||
9. sarta barkatipun uwa | sarya bêkti dyan tiga angling malih | sang tapa lah ta sang bagus | yèn dika mangku praja | ngultana[26] wadya sêtya wignya muwus |[27] kalawan wong awiwara | yèn sampun tuk mriha malih ||
10. tiyang tanggap ing smita |[28] kang ngawruhi lara inaning dasih | rumêksèng wiranging ratu | lan wrin ing kira-kira | kang tan lêngganèng karsandika puniku | lan kang uning ing wiweka | kang trêsna tuhu ing gusti ||
11. lan kang mot tiyang salêksa-lêksa |[29] lan tiyang mrat gangsal èwu lan malih [ma...]
--- [f. 62r] ---
[...lih] | kang mrat tiyang tigang èwu | lan amrat kalih sasra | lan mrat tiyang sasra bilih sampun antuk | salusubna tiyang dika | kang sêtya kaworna nanging ||
12. uninganên sandhang têdha | ingkang sêtya ywandika sungi lali | nging dika kikita lamun | asêsèrèning wadya | bilih langkung kalih èwu sinalusub | ing warga tênayandika | kang sêtya ing dika ugi ||
13. maksih uga ngulatana | tiyang kang mêngkatên têbêri kardi | dika karya tingal tuhu | tampia duka dika | dados ajrih wadya andika sêdarum | yèn tan mêngkotên andika | dêrmane ingkang nguliwing ||
35. Durma
1. têtulanên dika nglêrêsakên karya | ywa salang cahak kardi | yèn anambut karya | sampun apiturunan | wontên kang tinahèng ati | cawêngah manah | tan eca ing pakarti ||
2. asung karya radèn dipun amrayoga | dipun sakuwawaning | kantênan kang tiwas | eca dika aniksa | kang bangkit linopa picis | sampun mraical | kabangkitaning dasih ||
3. yèn ing karya alit sampun kêkathahan | ingkang anambut kardi | yèn karya gêng aywa | kirang ingkang tumandang | sampun kabalibèng kardi | sampun pamaras | kinarya wadu ugi ||
4. sampun [sam...]
--- [f. 62v] ---
[...pun] malih wadung kinarya pamaras | radèn katri wotsari | wus winuruk tingkah- | ing aprang lawan cidra | dan sumurup sang ywang rawi | wusira dhahar | nulya dêdalon malih ||
5. radèn kalih samya ngaturan kondura | ya ta sami ngabêkti | kantun Ki Sujalma | sarwi winawarahan | tingkahing rumêksèng gusti | kaki ja lena | poma dèn ngati-ati ||
6. pakarya kang sira ulaha andina | sapta lêksana kaki | aja sambêrana | dèn wani lara mata | sakarsa-karsaning gusti | aywa lênggana | lakonana tumuli ||
7. lawan sira kaki ta dipun uninga | ing kagênganing gusti | lawan dèn waskitha | rèhning sira kinarya | sakèh kancanira kaki | gêng alit muwah | lêganana ing budi ||
8. wêdaling arta sawising nambut karya | kalahing mungsuh kaki | kênaa tidharsa | aparimpêna ngarta | salir sadana simpêni | iki karannya | kartaning kang nêgari ||
9. aja sira marêkakên wong durjana | ja rêp kambah kang têpis | wiringing durjana | yèn anaa sêsaba | sira wêruha prênahing | kang dipun saba | wruhèng lunga myang prapti ||
10. karane gêmah desa kalawan wana | asiha mring wong cili | lan dèn angapura | dèn rumêksèng kalihan | ja arêp darbening miskin | nadyan wiryaa | aja sira jaluki ||
11. aja nrapi yèn tan patut lawan sêstra | dening uwusing kardi | dèn asamudana | kalawan wong akathah | ja pêgat kêmbulan bukti | sanakên lawan | têtulanên ing kardi [kar...]
--- [f. 63r] ---
[...di] ||
12. aja nyahak karya yèn kari rinêbat | pinidana kang kari | saunakaranya | yèn dalu pinirêna | aja na kang wikan sami | rinapèk manah | aja wèh uculing sih ||
13. pinidana kanthining anêrêg karya | kang glis linoba picis | kunêng kalah ingkang | mungsuhira ja pêgat | andumba ing mungsuh kaki | mungsuh ngungkulan | ing dana aja kaci ||
14. sacidraning mungsuhira kawruhana | aja mênêng angucik | aja sambêrana | dèn wani lara mata | anglarani balung dhiri | lan dananira | ja pêgat dipun mintir ||
15. lamun datan mêngkono sira tan enak | radèn jumênêng aji | tur sira kang tiwas | anadene nak ingwang | kabèh dadia kang kitri | aja ta sira | nglarangi wana ardi ||
16. dadèkêna kang sawah lawan pêgagan | inggahêna kang warih | ngulapana ama | ingkang ngrusak tanduran | sakèhing angèling cili | sira nănggaa | lakonana tumuli ||
17. barang karya têkaning padu wicara | lakonana tumuli | aja anglêlawas | rusak atining wadya | lan aptia krana yêkti | wêtuning arta | dèn basa[30] mrêdi picis ||
18. sêdayane sok sang ratu asugiha | nanging aja nglarani | nêgara myang desa | aywa kêtarèng ulah | dèn sabênêr-bênêr yêkti | dèn amrih lêga | têka lunganing picis ||
19. dèn amisra têkane nanging aja wrat | yèn lunga ja nglarani | kang kari lan aja | krasa lunganing arta | aja anggêdhongi picis | yèn durung padhang | aja nglungakkên picis ||
20. sauwising [sa...]
--- [f. 63v] ---
[...uwising] kagêdhongan aja lunga | kêrana sira kaki | asimpêna arta | kêncana iku guna | akèh kasêktène kaki | kang sri sêdana | kalih puniku sêkti ||
21. têgêsing sri bêras pari pêpanganan | sêdana iku picis | wibuh lêngkaranya | wong tuwa lir taruna | lumpuh bisa lumaywa glis | adoh waspada | ala dadi abêcik ||
22. manèkakên maring wong awêdi bisa | mêdèkakên wong wani | sêtya dadi cidra | cidra pan dadi sêtya | kusuma dadi anisthip | nistha kusuma | matèni satru bangkit ||
23. dening kêna bênêraning aji darma | rahina lawan wêngi | sira aja lena | yèn katêkan wisesa- | ning Ywang lan aja ngêdohi | ing kapandhitan | ing pandhita dèn asih ||
24. dèn nyatèng Ywang sira dèn nyata ing duta | èstokna iku kaki | mapan ora wênang | salah siji lirêna | lan sira dèn wruh sêkalir | pakaryanira | tapa kharkat pribadi ||
25. dèn rumasa yèn kadi ringgit kinudang | ing dhalang sapolahing | iku aja lena | poma taki-takia | yèn wong ulah praja kaki | tinggal agama | tan akukuh ing jurit ||
26. lawan sira sun patyani yèn cidraa | ing gustinira kaki | iku wruhanira | jênênge gustinira | asor ingkang dhingin-dhingin | pan têmbe sira | kaki amêngku bumi ||
27. awotsêkar kang liningan dan Sujalma | rahina sampun amit | miwah
--- [f. 64r] ---
radèn putra | putri amit lingira | sang tapa maring ing rabi | lah bêktakêna | kabèh êmas lan picis ||
28. pratiganên katura saduman sewang | sapa ngangge ing wuri | wurining rahadyan | lah ta anggèr kawula | angaturi wadu lami | tur têtêbusan | gungipun tigang biting ||
29. kang ngabani pun Nirbaya pun Nirpringga | kalawan pun Nirwèsthi | sami satus sewang | wadya ingkang kabanan | punika andika ambil | satunggil sewang | dalah kang dèn abani ||
30. pun Nirwèsthi anggèr katurèng paduka | Dyan Wirasêstra inggih | Nirpringga katura | dening kaki Sujalma | Si Nirbaya iku dening | sêdulur ingwang | amonga Ni Supadni ||
31. kang ngawruhi kulup marang rabinira | pamanta sundhulaning | dening ibunira | arane Ki Prabala | samyantuk asihing Widi | lan martèng duta | sami dadya narpati ||
32. samyambêkti katrine amit lingira | anitiha waniti | gumêdêr kang wadya | sêlur anglir sêlaba | wus lêpas munya kang gêndhing | măntra kapyarsa | sang tapa ing tyas kingkin ||
36. Asmaradana
1. kocapa ingkang lumaris | kalangkung asri katingal | pating palancur yèn tinon | Nirbaya pangirid marga | nèng kuda pinayungan | wong satus pêpangkonipun | sami adining prawira ||
2. Sutali ingkang nundhuli | sawadya asri atata | tansah munggèng ing kudane | wong sèwu padha prawira | pacara sri atata | Sujalma lan garwanipun | munggèng luhuring
--- [f. 64v] ---
dipăngga ||
3. tandhu joli munggèng wuri | miwah pêpikul gotongan | Ki Prabala têtindhihe | munggèng kuda pinayungan | sumundhul wong kaputran | prasamya sudirèng kewuh | sèwu padha tus prawira ||
4. anggrêgut bêk praya mati | Wiradi wus munggèng kuda | Nirpringga munggèng wurine | wong satus sami prawira | ngwurine upacara | yèn tinon pating palancur | lir pendah wukir kusuma ||
5. sira sang nayakèng wukir | kalihan nitih matêngga | yayah duk kinare-kare | parpat padha pêpalaywan | tandhu joli jêmpana | pêdhati lawan pêpikul | asêlur ing wurinira ||
6. ingkang ngawruhi ing wuri | Dyan Gusti Prataliyuda | Dyan Yudapati ngwurine | angirid ingkang rêrêmbat | joli tandhu jêmpana | Nirwèsthi ingkang sumundhul | mangku wong satus prawira ||
7. Dyan Wirasastra wus mungging | dirada mênggêp sudira | tuhu amisani ing rèh | kang ngrêksèng wuri Pragalba | èstu digdayèng laga | sèwu wadya têguh timbul | sami utamèng wiweka ||
8. sangsaya wêwah awêning | kapandhitane sang tapa | wus dening kangjêng sang katong | duk karêksa ing balanya | kêna uga dèn ambah | ing dudu mangkya lagya yun | juti nyiptèng tyas kewala ||
9. tantara kêna ing wèsthi | miwah sêpining asrama | nguni rame ing jalma kèh | ing mangke kantun asonya | sonyane ingkang driya | nahan ya ta kang lumaku | samarga asuka-suka ||
10. dana lir wrêsa samargi | aglar wastra lawan boga | mas rêtnarta sapantêse [sa...]
--- [f. 65r] ---
[...pantêse] | alami sira nèng marga | prapta ing Tambaksela | mondhok wanci misih esuk | wadya pan samya mrih toya ||
11. kadya sata ingkang kali | kang mina sami amijah | saliri lir badhèr bange | wagal kèh sajalma-jalma | urang ngintip pinggiran | mina lit tumpang asusun | rahadèn suka tumingal ||
12. sakèhing para pawèstri | wadya ingatag sêdaya | angirup mina rabine | kang mantri miwah lêlurah | sami angirup mina | pawèstri tustha kalangkung | tan kangkat padha satunggal ||
13. radèn tustha aningali | lèpèn kaèbêkan jalma | nêngna sêmana rahadèn | ingkang nêlani winarna | jalma ingkang tinumbas | pun Wirasmara rumuwun | têka anggraitèng manah ||
14. ing Sonyawibawa kingkin | dening kaecalan putra | dèn angên-angên driyane | madya latri kesahira | lan palihane ical | măngsa dudua rumuwun | ingkang angukuma ringwang ||
15. sêdhêng mêngko măngsa mami | sumusula ing rahadyan | malar anaa singgihe | nadyan ta mêngkono ingwang | pan sun utang koripan | lawan sêdhêng urupipun | yèn tumutura kang lunga ||
16. lawan ana atur mami | kang nêgara kadhatêngan | sura sêkti prangmukane | tutur pan ingsun wikan |[31] nulya Ki Wirasmara | nusul lampahe andarung | alama sira nèng marga ||
17. panêdhane siyang latri | samarga-marga manira |
--- [f. 65v] ---
kêpanggiha gustiningong | Wirasmara duk uninga | pabarisan nèng marga | anulya ngampiran sampun | dènnya têtanya pan arsa ||
18. wruha jênênging prayayi | sêdyanira Wirasmara | kalangkung ing panamure | witning yitnaning kang wadya | ngasrama wruh ing gatya | tatas-têtêsing pakewuh | kacakêl[32] Ki Wirasmara ||
19. gya katur ing Sujalma glis | tinalenan Wirasmara | nulya katur ing rahadèn | Ki Wirasmara tan lepyan | ing citrane rahadyan | saya awas dangu-dangu | pan sampun angrasa gêsang ||
20. rahadèn ngandika aris | wong apa kang sira bănda | kaya ta wus wêruh ingong | Sujalma matur kawula | inggih kados uninga | pun Wirasmara rumuwun | Wirasmara ngrasa gêsang ||
21. radèn ngandika amanis | lah ta kakang uculana | digage aja kêsuwèn | ya ta sampun inguculan | sira Ki Wirasmara | nulya gêpah awotsantun | Wirasmara langkung tustha ||
22. mêngkana osiking ati | dhuh ya baya iki uga | kang putra kangjêng sang katong | Sinuhun Sonyawibawa | mirib ujaring warta | baya ta palihanipun | iya iki Dyan Sujalma ||
23. ngandika rahadèn mantri | yun mring ngêndi sêdyanira | kang liningan tur sêmbahe | kajêng amba saking griya | sumusul ing paduka | priki kawula pukulun | yun uning kang masanggrahan [masanggraha...]
--- [f. 66r] ---
[...n] ||
24. tan dipe paduka gusti | kang rêrêb wontên ing marga | panggih lan gusti abdine | punapa saur kawula | gêsang saking paduka | ling radèn ngêndi dunungmu | saundurmu ngarsaningwang ||
37. Durma
1. inggih gusti griya ing Sonyawibawa | nging sang nata prihatin | kaecalan putra | orêm ing praja dalah | sagung dhusun brangti wingwrin | nênêdha praptan- | ing radyan lan kang wargi ||
2. kalud mangkya kadhatêngan paramuka[33] | gangsal ratu sinêkti | kagyat tyase radyan | kadya sinawatêna | kang sarira sruning marmi | lah Wirasmara | tutugêna kang warti ||
3. ratu ngêndi lan pira kèhe balanya | Wirasmara ngabêkti | inggih kang panuwa | Singasantun kang praja | Săntabuwana nama Ji | ing Pringgabaya | kang panênggak narpati ||
4. wastanipun Gusti Mahraja Dursănta | pêmadyaning Narpati | Sri Endrabuwana | kang nagri Wisantara | panêlanya kang nêgari | ing Sonyalaba | Endrakusuma nami ||
5. dening prajanipun kang waruju nata | winastan ing Tumasik | parabing nalendra | Mraja Dasakusuma | dening patihipun Gusti | Săntabuwana | pun Jarasănda Gusti ||
6. Singasantun kalangkung dening digdaya | dipati lêbêt nagri | gusti kalih wêlas | dening têlukan praja | pan gangsal wêlas nêgari | wastaning kitha | ingkang sami sumiwi ||
7. ing Kalayar Sidapêksa Pajarakan | Prabalingga ing Bangil |
--- [f. 66v] ---
Ngrênun Ngwanasêkar | Gêmbong lan Pasêdhahan | Sarêngat Balitar Tubin | Bantal Dhomasan | Wajak lan Watuurip ||
8. sri nalendra kalangkung dening prawira | patihipun sinêkti | miwah kang dipatya | sami sudirèng laga | utawi ingkang prajurit | sami prawira | gungipun tigang kêthi ||
9. patihipun Sang Dursănta Pringgabaya | Suwănda kang wêwangi | astha kang dipatya | salêbêtipun praja | têlukanipun nêgari | pan pitung kitha | wastanipun nêgari ||
10. ing Sidajêng Ngrajêgtosan Kartasana | Padhangan Wirasari | Japan lan Balora | kang karèh Pringgabaya | prasamya prawirèng wèsthi | kang wadyabala | Pringgabaya sakêthi ||
11. Ngwisantara Mahraja Endrabuwana | patihipun kêkasih | pun Endrasuwarna | ambêk sudirèng laga | kalih wêlas pra dipati | dening têlukan- | ipun sangang nêgari ||
12. ing Trênggalèk ing Kincang lawan Kinandhang | ing Pace lan ing Curi | Cancangan Liyangan | Rêmbang Lasêm Pranggunan | prajuritipun ti-apti | kathahing wadya | nêm lêksa kang wadya lit ||
13. Natèng Sonyalaba Sri Endrakusuma | patihipun wêwangi | pun Endrawijaya | tuhu tamèng wiweka | sêdasa kang pra bupati | pan wolung lêksa | kathahipun kang dasih ||
14. Sri Tumasik Mahraja Dasakusuma | patihipun anami | pun Dasawikrama | bupati kalih wêlas | prajuritipun wrin gati | kathahing bala |
--- [f. 67r] ---
kawan lêksa surapti ||
15. wontên dening ingkang kinarya bêbuka | gusti mila sang aji | ayun angrêbasa | dhatêng Sonyawibawa | Sang Nata ing Singasari | anglamar radyan | putri nanging tinampik ||
16. Wirasastra Sujalma andik bramatya | amiyarsa ing warti- | nira Wirasmara | radèn kalih turira | kawula anuwun amit | nêdya ngamuka | dhumatêng Singasari ||
17. kang kêpanggih etang kula sapênika | dadosa aling-aling | wondene paduka | kang mas manjingèng kitha | yèn sampun praptèng nêgari | sakarsa-karsa | andugèkkên ing jurit ||
18. lan sêdaya-daya kang dasih asoa | nanging kêpripun ugi | lah kakang Sujalma | yèn kangmas kauwakna | asangêt kuwatir mami | sumilih Radyan | Jayalêngkara angling ||
19. lah kèndêla yayi pun kakang yun tanya | Wirasmara kang êndi | ratu kang prawira | Ki Wirasmara nêmbah | kapănca sami prajurit | ingkang têtiga | mênggalaning narpati ||
20. kang pêmbajêng angandêlakên gêgaman | dana siyasat dadi | panênggak kang ulah | anamohakên wadya | dana marta sih kang dasih | gêgaman dadya | tate amunah jurit ||
21. kang pêmadya pariksa dana siyasat | mantrinipun jrih asih | datansah aulah | amêmurun kalintang | ratu punika yèn jurit | angamuk rampak | purun ayuda latri ||
22. datan pêgat amêmuning kang wadya |[34] dening sri narapati |
--- [f. 67v] ---
kang panêla kirang | ka[35] purun ingalahan | anamohakên ing mantri | asih ing dunya | sing kawisayan bangkit ||
23. kang waruju arêmên ing wana toya | kasukan siyang latri | tansah ulah dhahar | anamohakên wadya | angapuntên dhatêng dasih | cèwèng nalendra | kalih punika sami ||
24. nanging ngangkah ing awon praptaning têmah | măngsa kantunèng jurit | mênggah angandika | Radèn Jayalêngkara | dhuh yayi mas kang pinanggih | pun kakang nêdha | ing Wa Pragalba ugi ||
25. dika utus yayi siwa nglêbêtana | nagri ing Singasari | awasèng sang nata | gêgamane lan wadya | kang prawira dèn udani | yèn sampun awas | asunga wruh tumuli ||
26. Radèn Wirasastra umatur sandika | Pragalba dèn dhawahi | uwa lah mintara | trapêna mau ika | rewangana ingsun iki | pan rika uwa | gêntine rama aji ||
27. awotsêkar Pragalba saha mangrêpa | kawula nuhun ing sih | pan kawula sêdya | pêjah gêsang katura | dhumatêng ing pada gusti | dadosa srana | anggèr tulusa aji ||
28. nadyan mati uwa barênga lan ingwang | besuk dadining jurit | uwa angamuka | yèn ana wangsit ingwang | dene tansah sun kongkoni | iki sakatya | êmas gawanên dhimin ||
29. Pragalba mit sampun anitih turăngga | sarya winêling-wêling | uwa ya umaha |
--- [f. 68r] ---
pisan têkan bok uwa | wong sèwu bêktanên sami | têkan rabinya | sambata wong apurik ||
30. tan kolihan ing gusti angalih praja | ngakua wong Ciamis | ya ta amit nêmbah | wus kesah saha bala | radèn angandika malih | kakang Sujalma | wongira Man Sutali ||
31. dutakêna maringa ing Pringgabaya | Sujalma angabêkti | ature sandika | lah ta paman Sutalya | sawong mringa Pringgawèsthi | apêsambata | yèn wong ing Cikumpai ||
32. iki karyanên sangu êmas sêkatya | dening sun kirim maning | dikaya si uwa | Pragalba mau ika | yèn sira apêrang wêngi | gêni rowangnya | nêmbah sampun lumaris ||
33. radèn angling malih kang Wiradi sira | sawongira ja kari | mringa Wisantara | ya kaya Wa Pragalba | lah iki êmas sêkati | sira sambata | yèn wong Cianjur purik ||
34. wus nêmbah Ki Wiradi sawadya budhal | kantun sèwu sikêping | Wirasastran ingkang | dèn rèh Dyan Yudapatya | wong Kradenan sèwu tindhih | Prataliyuda | Prabala wong Sujalmi ||
35. bêktan patih ngrèh wong satus lan têbusan | satus kang dèn abani | dening Ki Nirbaya | Nirpringga Wirasêstran | ing Karadenan Nirwèsthi | anyatus sewang | dasih kang dèn abani ||
36. Dyan Prataliyuda mangrêpa tur sêmbah | kawula munjuk gusti | manggya abdi pada | kang rêrêmbat salêksa [salê...]
--- [f. 68v] ---
[...ksa] | kawan èwu rajapèni | kang sampun têlas | paduka karya paring ||
37. rêtna mas sêlaka busanarta boga | mangkya ngobèng kang dasih | yèn marêngi karsa | gusti sikêp punika | kagêntosna ing lampahing | wadya kang kesah | radèn katiga angling ||
38. katutupan ta paman wadya kang lunga | Prataliyudambêkti | inggih katutupan | pan langkung sikêp sasra | paman aprayoga ugi | sakalèng marga | puniku kang ngabani ||
39. Man Nirwèsthi Nirpringga lawan Nirbaya | ingkang sèwu dèn maksih | angobèng dadia | tundhane kang angrêmbat | nêmbah Prataliyuda glis | anata bala | mulya lir tan amijil ||
38. Mijil
1. Dyan Jayalêngkara ngandika ris | Wirasmara kinon | rumuhuna maturèng sang rajèng | mênawi sira tan kandêl iki | aturnèng rama ji | iya surat ingsun ||
2. sinung kampuh langsaran lan picis | nganjali sang kinon | ngaras pada mit enggal lampahe | siyang dalu datan karasa nglih | dera nauri sih | dan radyan amuwus ||
3. yayi radèn lan kakang Sujalmi | karan ingsun akon | maring mantri têtêlu sun êprèh | mumpung durung mambu wong rama ji | pan ing karsa mami | tan wurunga ripuh ||
4. lan wong Pringgabaya Singasari | tan ngluruga katong | pêsthi ingsun anglurug ing têmbe | dening uwus ambahak wong cilik | kalih atur bêkti |
--- [f. 69r] ---
kawula jumurung ||
5. nulya budhal astra lir ing tulis | gumuruh ponang wong | asauran wong nguwuh rowange | brêdăngga munya manglangun asri | saruni angêlik- | êlik lawan barung ||
6. Kya Nirwèsthi pangiriding baris | sajru-juru galong | radèn putra tansah lan garwane | Prataliyuda tansah ing wuri | lir prêwata sari | srining kang lumaku ||
7. Sang Nirpringga ingkang anambungi | gambira ponang wong | Dyan Wirasastra nèng liman dhewe | Yudapati ingkang anèng wuri | Sujalma nundhuli | karon garwanipun ||
8. Ki Prabala Nirbaya ing wuri | barise ngatyatos | radèn putra lumarug lampahe | tansah angimur-imur kang dasih | dènnya angwêwuri | wulang sang palungguh ||
9. pawongan ingkang lumakwèng siti | padha pêpalayon | abra kumram dinulu sinjange | padha angrêbut puspita amrik | soka kalak wilis | kang tinandhu mudhun ||
10. padha giyak kang tumon ing sari | angsana bra tinon | apti nêmpal angsana arame | dyah angrêbut sêsêmpalan sari | parpat mènèk sari | mantri nom amupu ||
11. sawênèh salin sêkaring margi | langkung sukanya wong | lir kinare ingkang lampah radèn | pêparingan mring dasih samargi | satu dados wajik | kluwa lawan sabun ||
12. kang parêpat andum lan pamiji | padha pêpêlayon |
--- [f. 69v] ---
binuwangan têkan wêwadhahe | ramya rêbut dêdrêg samya atri | samarga pêparing | miwah yèn alungguh ||
13. dan winarna Wirasmara prapti | kêpatihan gatos | sampun katur kang pitungkas radèn | kya patih têka aniti-niti | aglis atur tulis | patih nulya emut ||
14. kumêpyur driyanira apatih | wadya pan wus kinon | pêparentah mring kang gêdhe-gêdhe | sewakaa marang srimênganti | samya sapuniki | kang wadya lumayu ||
15. ting balêbêr wadyanira patih | sumêlang pakewoh | bok upayaning musuh bisane | bêk prayitna alanglang ing wèsthi | yitnanirèng patih | swega jaga satru ||
16. gègèr gumuruh wong sanêgari | padha sikêp rampog | kyana patih wus siyaga age | kang duta tansah tiniti-titi | mêngko anèng ngêndi | gusti sang binagus ||
17. Wirasmara matur duk sawingking | kula gusti mondhok | Tambaksela sing ngriki têbihe | lêlampahan pitung dalu margi | angrêrêbkên dasih | kya patih amuwus ||
18. lah payo sira miluwèng kami | sun sewakkên katong | tan winarna kya patih lampahe | kawarnaa sagunging anangkil | sêntana bupati | kang kari lumayu ||
19. sêk supênuh sêdaya ngatyati | pringganing prang papor | gupit-ginupita sakancane | ana jawil-jinawil misiki | gatining prakawis [praka...]
--- [f. 70r] ---
[...wis] | kang wrin manthuk-manthuk ||
20. kya patih ing pra nyai wus wêling | unjuk ing sang katong | yèn wontên prapta dutane radèn | saha mawi pratăndha kintaki | katur ing narpati | kang nala kumêpyur ||
21. tantara miyos kangjêng sang aji | saking ing kêdhaton | orêg wadya wus lênggah sang rajèng | asasmita wadya tata linggih | tan ana kumlisik | kyana patih matur ||
22. pukulun kula kapraptan tulis | katurèng jêng katong | manggut sang nata mundhut tulise | èngêt ing sastra luwaran aji | tan winaos malih | kang nala agugup ||
23. winaos ing ngarsa pramèswari | myang kang putra karo | mungêl yèn wus akrama rahadèn | karane rêmbên lampahing èstri | pyuh sang padni sori | muwah sang aprabu ||
24. lir amanggih kumala sawukir | gêgêtun sang katong | tan kêna ngling sang padang suwene | pijêr jêngêr ningali palupi | mandahaning benjing | yèn andulwèng mantu ||
25. sang nata angandika mring cèthi | lah wèhana dadot[36] | lawan sabuk dutane ki radèn | lan dhawuh kakang patih benjing |[37] ja milu ing mami | tunggua kêdhatun ||
26. lan mataha wêdana kang kari | bisaa atanggon | bokmênawa kang mungsuh cidrane | aja dadi kuwuring wong cilik | kuwawa nadhahi | parangmuka rawuh ||
27. lan mataha bupati kang cawis | pasanggrahan ingong | lan konên karya pagragolane[38] | wong tuwaburu konên anggiring [ang...]
--- [f. 70v] ---
[...giring] | sasining wanadri | sun karya sêsuguh ||
28. putraningsun ingkang nglaya bumi | lawan karsaningong | wong sanèpi ngalapa minane | isèkêna ing sakèh botrawi | sajron kênyapuri | dèn katêmu pênuh ||
29. kakang patih konên cawis èsthi | sesuk bubar ingong | tandhu joli cawisêna kabèh | dèn wèhana pêpikul pêdhati | sapi wotan kêrig | nêmbah kang ingutus ||
30. kêbat mijil cundhuk lan ki patih | Nyi Dêmang Sêmangko | kya patih dhêku angajêngake | ling nyai timbalan kya dipati | benjing enjing-enjing | tindaka sinuhun ||
31. saha putusa timbalan aji | patih sandika mot | nyat cangkelak nyi dêmang wangsule | manjing pura rêkyana apatih | wus parentah maring | wong sabuminipun ||
32. ingkang samya asaos piranti | myang kang agrong-agrong | adhi Mulyawêcana dèn age | umangkata adhi ing saiki | lawan Purbatiti | Urawan ja kantun ||
33. Jagalaya kapat sang tinuding | sarêng dènnya badhol | tuwaburu wus kinêrig kabèh | urunan mantri kêparak tuwin | gêdhong myang panumping | bumija wong sèwu ||
34. ingkang badhe andhèrèk narpati | kakang sira ngongkon | Maospati aja kaya rare | lan kang Tumênggung Mongyuda tuwin | Dêmang Mongpraja di | Răngga Wijaya tur ||
35. sandika kapat kang dèn dhawahi | sarêng mênyat badhol | kya dipati malih timbalane [ti...]
--- [f. 71r] ---
[...mbalane] | kănca prajurit sêparo kari | kang nindhihi idhi | Radèn Dirgabau ||
36. kêndhuruan lawan ăndhamoi | pêpêk kang ponang wong | tandhu joli grêbong panggritane | kyana patih makuwon sitinggil | mrih yitnaning dasih | dana boja pênuh ||
39. Asmaradana
1. sêdalu akontrang-kantring | anggandhèk lawan kêbayan | wong praja tan bisa sare | adandan kaprajuritan | sanèpi ngrakad mina | ana kang amêpêk suguh | ana kang pêcalang marga ||
2. ing mangke wus bangun enjing | kyana patih kèn têngara | gumêr gumuruh swarane | paseban kidul kèbêkan | prajurit dalêm muntab | gangsal lêksa baris pungkur | pajêgan jur sênjatanya ||
3. tindhih Dyan Ywanjanasandi | lan Radèn Sujanasêstra | prayayi wêdana gêdhong | Panatasingron kêparak | sisih Răngga Tanpolas | samya tus prawira tuhu | kang tata baris palasta ||
4. witning kang lèr swaranya tri | baris sami gangsal lêksa | Răngga Sutikna tindhihe | lan Arya Amongwangsita | sami anata wadya | jajari tindak sang prabu | amarapit ngering nganan ||
5. wadya kang dhèrèk sakêthi | sajuru-juru atata | sami tusing prawira nom | sêdaya tate nrang pringga | têtindhihing lumampah | sira Radèn Dirgabau | ambêk sudira ing laga ||
--- [f. 71v] ---
6. pêngajêng sampun lumaris | kang măngka panganjurira | Răngga Wijaya ngwurine | Kyai Dêmang Amongpraja | Ki Tumênggung Mongyuda | sami mêstiri baris gung | tataning bala prayitna ||
7. ya ta kangjêng sri bupati | miyos anganthi kang garwa | kang putra munggèng ngarsane | wus kinèn nitih turăngga | sira rahadèn putra | akampuh seta binaud | ing pêrada tulya abra ||
8. apaningsêt cindhe wilis | arja dhuwung kasatriyan | mêmêk awilis keswane | waja nglaring wilasita | lathi ingkang araras | kadyasmara yèn dinulu | wus munggèng kuda awasta ||
9. pun rêtnayuda bang tèji | wus laris sawadyanira | ki patih lumayu ngawe | akèn suminggah ing jalma | ja pêrak lan dirada | ponang èsthi kabèh jinrum | sang putri nitih matêngga ||
10. ingaran pun rarasati | pinanganggyan abra mubyar | sang rêtna mênggêp kampuhe | sêkalor mirir araras | cinitrèng pêrada bra | têbah jaja susun têlu | kilatbau sarpa raja ||
11. pramèswari nitih èsthi | èstri pun sêndrongkarura | sang dyah tan salin kampuhe | maksih satilaring putra | kangjêng sri naranata | nitih liman digbya anung | ingaran pun girisrêngga ||
12. êmban inya lawan sêlir | jinoli myang jinêmpana | cèthi grêbong panggritane | Ki Tumênggung Maospatya | wadyane sri atata | ingkang lumampah ing pungkur | ginêlak lampahing bala ||
13. anglarug sinrang kang baris | dènnya ge apêpanggiha |
--- [f. 72r] ---
ing putra lawan mantune | mila sru anggêlak lampah | ki patih kantun praja | putusan dombani mungsuh | mênawa karya rubeda ||
14. rèhira rêkyana patih | amatah ingkang punggawa | Răngga Mongwangsita kinèn | pêcalang alanglang pringga | ing nêgara myang desa | mênawi cidraning mungsuh | binêktan wadya têbusan- ||
15. ira rêkyana apatih | tigang atus kèhing bala | kinèn nêba ing bandare | apatih prayitnèng baya | tan muhung turing bala | migati kridaning satru | dènnya mrih arjaning praja ||
16. Pênatasingron tinuding | ngirid sanèpi mèt mina | Răngga Sutikna karyane | minta sêsuguh ing marga | Arya Tampolas sinrah | rêrêsik jroning kêdhatun | Nitipraja Sandisêstra ||
17. kinèn tugur srimênganti | sakancane carik jêksa | ing srambi umung swarane | sakèh pradikan ngulama | lir gêrah ing kasapta | muji myang donga gumuruh | ki pangulu tanpa nendra ||
18. witning rêkyana apatih | yèn dalu tan arsa lênggah | tansah ngidêri kêdhaton | nêngna ingkang anèng praja | kocapa kang akarya | pasanggrahan jêng sang prabu | Tumênggung Mulyawêcana ||
19. Dyan Urawan Purbatiti | miwah Arya Jagalaya | Ki Wirasmara tinakèn | prênahe sang rajaputra | kang tinakèn saurnya | dugi kula ki tumênggung | tindakipun gusti
--- [f. 72v] ---
kula ||
20. kados kalih dalu prapti | ki tumênggung lon ngandika | kang Jagalaya wadyane | kang karya panggung lirêna | adhi Dêmang Urawan | angrubuta jroning kuwu | kasêsa wêtawis kula ||
21. Purbatiti anauri | ki lurah dugi kawula | sang nata enjing rawuhe | kasaru sapraptanira | Ngabèi Wiryaduta | mirsa dèrèng sampunipun | pasanggrahan sri narendra ||
22. palasta pasanggran aji | kocapa kangjêng sang nata | wus tri dina nèng margane | lamat-lamat kapiyarsa | têngaranya dan para | punggawa mêthuk kadulu | bandera lir pêksi krêndha ||
40. Dhandhanggula
1. wus manjing kuwu jêng pramèswari | sri narendra pan lajêng pinarak | munggèng ing têtarub gêdhe | ngandika jêng sang prabu | hèh tumênggung paran wartaning | lakune kaki putra | apa ta mèh rawuh | tur sêmbah Mulyawêcana | putra dalêm rawuhipun benjing enjing | turipun Wirasmara ||
2. dutanipun putra paduka ji | sri narendra malih angandika | hèh ta sira bocah gandhèk | lan dutane si kulup | iku kang wruh margane ugi | milua ing Si Wirya- | duta ingsun utus | saênggonira kêpapag | enggalêna lan dhawuhana ki mantri | yèn bangêt onêng ingwang ||
3. myang ibune kangêne kêpati | mêngko iya padha milu mapag | wusdene [wu...]
--- [f. 73r] ---
[...sdene] arine karo | lan salak padha yun wruh | ing bok mantu kang minăngka sih | pitulunging Ywang Sukma | maring putraningsun | myang sun age yun tămpaa | pasihane ki raka kang tapèng giri | ing asramèng Pamriyan ||
4. Angabèi Wiryaduta tuwin | Wirasmara manêmbah umêsat | sakancanira anggandhèk | sêpalih ingkang tumut | sêsandêran dènnya lumaris | ya ta jêng sri narendra | angandika arum | besuk esuk Maospatya | karsaningsun yèn ki putra sida prapti | ingsun tan arsa bubar ||
5. sakèhe bocah ingsun prajurit | anjajarana marapit marga | ngurung-urunga barise | têkane putraningsun | tur sandika Ki Maospati | lan sakèhing gurnada | sulêdên sêdarum | Ki Tumênggung Maospatya | atur sêmbah sandika sri narapati | kondur amêsanggrahan ||
6. aluwaran sagunging anangkil | sowang-sowang mapan pamondhokan | mung kantun wadya kang saos | wadya lit myang gumuruh | dandan-dandan pondhokan sami | sêdalu awurahan | ing enjing winuwus | sami saos asewaka | Ki Tumênggung Maospati Purbatiti | lan Kya Mulyawêcana ||
7. Kya Mongyuda Mongpraja Răngga Wi- | jaya Dyan Urawan Jagalaya | wus miyos kangjêng sang katong | Wiryaduta winuwus | sakancane sêdhêng lumaris | tuwin Ki Wirasmara [Wira...]
--- [f. 73v] ---
[...smara] | mêngkana dyan sunu | taruna mêthuk dera gya | panggih ngraka nandêr nongklang kang turanggi | kèh kari wadyanira ||
8. parêpatnya papêlayon sami | suka asurak-surak samarga | sampun alêpas lampahe | nêngêna radèn sunu | ya ta Wiryaduta Ngabèi | kapêthuk lampahira | lan sungut panganjur | Nirwèsthi kèn nyimpang wadya | Wiryaduta tanya sintên kang wêwangi | ling pun Nirwèsthi kula ||
9. Wiryaduta ngling dika tur wrin ing | jêng gusti kula ngutus kang rama | cungkelak Nirwèsthi anyrod | praptèng yun nêmbah matur | dyan jrum liman têdhak sarimbit | katingal Wiryaduta | jlog sing kudanipun | ingawe majêng wotsêkar | têkên dêkung prak ngayun matur nganjali | kula ngutus ramanta ||
10. paduka ingayun-ayun gusti | myang ibu dalêm agyarsa panggya | tuwin kalih arintanggèr | kalangkung onêngipun | inggih dhèrèk amêthuk sami | rajaputra ngandika | ya tan beda ingsun | nanging rêmbên lakuningwang | ing wong wadon lah sira matura dhimin | ingsun ya nuli prapta ||
11. duta nêmbah têbih nyengklak wajik | sang kancane amupuh turăngga | wus laju nahan lampahe | Dyan Subêkti winuwus | duk ton raka têdhak sing wajik | palaywan praptèng ngarsa | kang raka agupuh | kang rayi nêmbah karuna | ngaras pada supe kang raka sarimbit | sruning wibuh trêsnanya ||
12. dangu radèn ing pada nungkêmi [nung...]
--- [f. 74r] ---
[...kêmi] | emut kang raka sarimbit nulya | arsa mundura rahadèn | raka wrin wadinipun | kang rayi cinandhak lah yayi | barêng lan sun lumampah | sru kangên sirèngsun | kang rayi mangrêpa-rêpa | ingkang raka mèsêm angandika malih | baya ta yayi sira ||
13. merang myat duwe êmbok wong wukir | sapolahe tani durung wikan | kramèng praja pêsthi kacèk | lan wong nêgara tuhu | awidhung tur ala kang warni | kang rayi saya merang | tumungkul raka wruh | kêduwung tyas arinira | rinarapu ingarih-arih dhuh yayi | mas sun iki kalintang ||
14. kangên ing sira mung sira kèsthi | duk nèng paran ngong olèha dhimas | kuda papat anom-anom | pilihana riningsun | ingkang abang si wiragêni | si pamugari seta | kaladuta dhawuk | mangsi warih si nênggala- | kali si abramăngga janjan kuning |[39] pilihana yayi mas ||
15. nêmbah nuwun ature kang rayi | adangu dènnya sami lumampah | wus cêlak pêsanggrahane | ya ta ingkang winuwus | wadyabala ingkang jajari | praptèng kalih onjotan | marapit marga gung | tambur ruful lir rug arga | imbal munya salomprèt barung lan suling | kawarnèng pasanggrahan ||
16. wus sumahab kang gung-agung nangkil | bupati mantri sarêng katingal | radèn dan kêstabêl age | nyumbu mriyêm lir guntur | sêla lan drèl rahadèn nuli | sêdayanjrum matêngga | sarêng têdhak sampun | samyandhadhap praptèng ngarsa | ingawe prak majêng têkên dêkung sami | tan pêgat rèh rimbitan ||
--- [f. 74v] ---
41. Mêgatruh
1. pijêr jêngêr nata myat binêktèn sunu | kagyat rinangkul kang siwi | binêkta kondur mring kuwu | jangganira radèn mantri | rinangkul kering sang katong ||
2. asta nata kanan nganthi rêtnèng gunung | astane kang kanan dadi | nèng kanan ragi kapungkur | nata tansah nolih-nolih | pandangunirèng dyah sinom ||
3. kathah-kathah pandangunira sang prabu | sang rêtna tansah wotsari | Supadni ngwingking dyah ing rum | tansah dinangu dera ji | praptèng kuwu lênggah katong ||
4. dan rahadyan mangrêpa nungkêmi suku | sang nata
--- [f. 75r] ---
tan kêna angling | sruning gêtun ngungun-ngungun | rahadyan mundur tur bêkti | kumêmbêng waspa sang katong ||
5. ya ta radyan arsa ngabêkti ing ibu | sori gupuh angêbyuki | kang putra ginayuh-gayuh | miwah ta rahadèn dèwi | nungkêmi raka tan alon ||
6. sru karuna kang raka ngêlus kang pungkur | êmban inya kabèh nangis | wong dalêm nangis sêdarum | dyan ngrih-arih rayi lah wis | mindêla pan wis kêlakon ||
7. ya ta kèndêl radèn putri nulya wungu | sirêp kabèh kang anangis | tyasira sami sêsugun | nulya kusuma ing wukir | angabêkti ing sang katong ||
8. myang Supadni dyan wungu bêkti ing ibu | Dyah Supadni datan kari | pramèswari lon angrangkul | mring dyah mantunira kalih | sêsugun tyas sakèh tumon ||
9. sri narendra langkung dènnya ngungun-ngungun | ngênting sukanirèng galih | mêngkana cipta sang prabu | baya wus takdiring Widi | lêlakone putraningong ||
10. witning tyase pramèswari dahat ngungun | tumingal kusumèng wukir | astaning putra sinambut | kang padaka dèn racuti | pinaringkên mring pêmomong ||
11. sinalinan kalpika sami piturun | miwah êmêr sêngkang sumping | binggêl lawan sêkar suwun | tuwin kampuh sami salin | ayune saya kêtonton ||
12. myang Rêtna Supadni pinisalin sampun | tanbuh sukaning sri sori | sarta Supadni wus sinung | lancang myang dyan putri wukir | ardawalika [arda...]
--- [f. 75v] ---
[...walika] rêtna byor ||
13. Dyan Rahadyan Jayalêngkara tur kampuh | kêtangi dhatêng rama ji | kampuh bèrêm mring kang ibu | kawula anuwun runtik | dening atur sêkêl katong ||
14. mèsêm ikang[40] rama nulya salin kampuh | ingkang ibu ngandika ris | kaki ingsun ora ayun | sira sungi kampuh iki | langsaran pêpantês ingong ||
15. dan rahadyan anulya asalin kampuh | langsaran katur ing sori | sampun kangge mring kang ibu | kalangkung pyuhing kang galih | sang nata suka duk anon ||
16. sumilih Dyan Jayalêngkara umatur | kang taklim rakanta aji | myang bok dalêm ing pukulun | lan ing paduka bu sori | kang salam raka sang kaot ||
17. wa patih jalwèstri sêmbah sungkêmipun | ing pada myang ibu sori | sri narendra manggut-manggut | pramèswari anganthuki | ya bangêt tarimaningong ||
18. sumilih sri narendra ngandika arum | mring kang putra radèn mantri | muni nglayange ling ingsun | duwe ipe sira kaki | dene ingsun durung anon ||
19. rajaputra atanggap nêmbah umatur | duk wau wontên ing jawi | pun Sujalma rencangipun | kalih yayi Mas Subêkti | ngandika kangjêng sang katong ||
20. timbalana ge putraningsun katêlu | atur sêmbah kang tinuding | nyai dêmang kêbat mêtu | nahan ta ingkang tinuding | ya ta sagung kang nèng wiyos ||
21. samya kacaryan mulat ing radèn gunung | myang para mantrine ngwukir | sêdaya asaguh-saguh | lênggah [lêng...]
--- [f. 76r] ---
[...gah] ngayap radèn mantri | pantês kinanthi prang papor[41] ||
42. Kinanthi
1. nyai dêmang gya tumanduk | paduka ngandikan gusti | katri ing rama paduka | dyan katiga nulya sami | amaoni kampuhira | katêlu pan wus lumaris ||
2. duk katingal ing sang prabu | rahadèn alênggah katri | ingawe kinèn majênga | katiga samya tur bêkti | têkên dêkung lampahira | lênggah sandhaping taritis ||
3. padha sira lunggwèng dhuwur | katrine samya ngabêkti | lah kaki sira bagea | wotsêkar rahadèn wukir | rajaputra sung sêsmita | mring rayi radèn ing ardi ||
4. alampah bakong[42] umajung[43] | nungkêmi pada sang aji | wungu mundur apranata | angandika sri bupati | ngabêktia ngibunira | radèn ngabêkti gumanti ||
5. Sujalma ngabêkti kantun | radèn sampun pinisalin | sang nata angalêmbana | pantês yèn utamèng wèsthi | pangudasmara narendra | baya sun kinèn nauri ||
6. ing pasihane sang wiku | nanging tan măntra kawijil | pramèswari wus anêdah | mundhut sêsaosan aji | prapta sumaos ngarsendra | kang nămpa mundur wotsari ||
7. saosan asri kalangkung | miwah ingkang dhatêng jawi | sêlur saking pasanggrahan | kêbayan ingkang nampani | bupati mantri lêlurah | tuwin wadya ing asrami ||
8. wus ingambêngan sêdarum | wrata kang wadya prajurit | kumrêsêk swaraning mangan | wênah dhatêng ing pêkathik | kawarna dhahar narendra | kêmbul lawan radèn mantri ||
9. pramèswari wus akêmbul | lan mantu rêtna ngasrami | miwah
--- [f. 76v] ---
Dyan Angragasmara | Nikèn Supadni tan kari | radèn putra kang katiga | kêmbul lan satriya katri ||
10. brêdăngga munya binandhung | lan bêktan sangking asrami | swara angentar wardaya | ngandika sri narapati | saparane barungira | swarane angentir ati ||
11. rajaputra lon umatur | kawastanan pun Pranati | kasora dèn barung ingwang | kon mênêng Si Rarasati | kariya Si Pranadarya | niyaga wus dèn dhawuhi ||
12. swaranya amanis arum | pinirsa angrujit galih | wusan ambêng linorodan | carikan pinangan cèthi | samya suka wijah-wijah | tansah ngungun jroning ati ||
13. prasamya tutur-tinutur | sapolahe duk ing nguni | ingkang tansah rinaosan | nanging dyan putri ing wukir | sêmune antêng jêtmika | tur alus widagdèng budi ||
14. miwah ingkang rayi kakung | pasang jêtmikane lungid | tan măntra saking aldaka | sêmune manas atèni | tanbuh ingkang tinampika | lawan putra sri bupati ||
15. angandika sang aprabu | sira kaki sun saosi | gragol saisining wana | ing benjing tumpunên kaki | ya kulup punaginingwang | kasukan lan sira ugi ||
16. radèn angabêkti nuwun | sandika karsa rama ji | ngliring mring kaparak jaba | nyai dêmang wus dhawuhi | sakèhing para bupatya | sêdaya saosa sami ||
17. nata ngling putrèngsun têlu | amondhoka sira kaki | apan padha sinaosan | katiga sami tur bêkti | tan winarna polahira | surup ywang arka dhadhari ||
18. wong wayang nutug sadalu |
--- [f. 77r] ---
wadya sukan-sukan sami | wênèh ana tarêbangan | ringgit pruwa gêdhog krucil | wênèh ana abêbêksan | ana ngidung amênyanyi ||
19. sadalu umyang gumuruh | tanbuh sukanirèng ati | pan sampun bangun raina | mijil ywang prêtănggapati | prajurite wus mêlatar | palasta tinata baris ||
20. pra pratiwa kang nung-anung | pêpêk prasamya anangkil | miwah wadya sing asrama | sami siyagèng ajurit | budhal kangjêng sri narendra | tan pisah rahadèn mantri ||
21. putra katiga nèng ngayun | ya ta kangjêng pramèswari | putri katiga tan pisah | daut wong sadalêm puri | agêbagan arantaban | ing pagrogolan wus prapti ||
22. rakiting panggung gêng munggul | prasamya dipun aèsi | pinajang langse tinundha | pan sami mawi palisir | kinitir sutra dewăngga | cinêplok ing mas angrawit ||
23. pramèswari minggah panggung | putri katiga kinanthi | ingiring sêlir bêdhaya | êmban inya angampingi | manggung lawan pêpingitan | nyai dêmang kontrang-kantring ||
24. cèthi pinêngingan tumut | pan sinung panggung pribadi | wus minggah cèthi sêdaya | wurahan swaraning èstri | jajarane tundha sapta | Dirgabau kang ngabani ||
25. patahing kitha kadulu | langkung suka aningali | sang putri myang pramèswara | dene langên kang kaèksi | têtarube ingaesan | palisir sarwi lêlangit ||
26. tontonan asri dinulu | têpi gragol sêsak jalmi | pênuh ingkang sêkul ulam | dhêdharan awarni-warni | kawarnaa sri narendra | dyan putra dhèrèk ing wingking ||
--- [f. 77v] ---
43. Pangkur
1. sa nata munggèng sêkatha | akalihan lawan rahadèn mantri | pangirid maesa anung | sami ulês gapila | kang rumêksa kawula sangking ing gunung | pun Nirbaya pun Nirpringga | kalawan sira Nirwèsthi ||
2. ngandika sri naranata | lah munggaha katêlu putra mami | dyan putra katiga nuhun | Radyan Jayalêngkara | lon umatur
--- [f. 78r] ---
yèn marêngi karsa prabu | sêmunipun yayi tiga | yun tumut numpak turanggi ||
3. mèsêm sang nata ngandika | ya damène[44] kaki rinira katri | wong anom sinau pupuh | lah wis radèn nitiha | ing turăngga ngabêkti radèn katêlu | nata ngling lah nindhihana | wongmu kang padha nuranggi ||
4. katri mêsat rajaputra | angandika ririh Wirasmara glis | warahên kon yitnèng kewuh | paman Prataliyuda | Yudapati Prabala katêlu iku | angampingana yayi mas | Wirasmara wus lumaris ||
5. nata ngandika lah sapa | mau ingkang padha sira dhawuhi | rajaputra nêmbah matur | bêktan sangking aldaka | kang sêntana raka paduka sang wiku | manggut kangjêng sri narendra | ya luwih prayoga kaki ||
6. hèh dharat sira lakokna | dan lumêbêt sang nata ing piranti | ingiring wadya sing gunung | Nirbaya munggèng kanan | Anirwèsthi nèng kering Nirpringga pungkur | kêbo sapi lêlimbungan | samya ngarêpkên pêdhati ||
7. maesa wus pinarêkan | ngandika sang nata lah putra mami | sira manaha kang anung | matur rajapinutra | nuwun ajrih anglangkungana pukulun | kalih dening dèrèng praksa[45] | patitisipun jêmparing ||
8. mèsêm sang nata tumandang | mênthang raras kadi Sang Wisnumurti | gandhewa lir pendah putung | sigra panah lumêpas | ambênêri andaka pêpathakipun | andaka asru anjola | anggêro niba ngêmasi ||
9. suraknya kadya ampuhan | dan rahadyan sigra nyandhak jêmparing |
--- [f. 78v] ---
langkap ngasta keringipun | mênthang raras pratama | lir pendah Parta duk sinrayèng dewa gung | sasolahe asung rimang | wus mêsat ponang jêmparing ||
10. singa kang katrajang tatas | surak ingkang wadya langkung mêlingi | banthèng kathah kalêlatun | wênèh ana kang pêjah | tan antara andaka sura manêmpuh | arsa ngêntasi sêkatha | kêbat Nirbaya nadhahi ||
11. winatang putung watangnya | anêrajang banthèng dipun tanggapi | sungunya pinêtêk asru | surak kadya ampuhan | langkung marma sêkathahe kang andulu | andaka nulya pinêdhang | pêgat gulunya ngêmasi ||
12. sang nata suka tumingal | angandika dhatêng rahadèn mantri | buron iki akèh tatu | wadya kang jêjaranan | lêbokêna ing mêngko wus sêdhêngipun | radèn angliring mangatag | Wiryaduta wus lumaris ||
13. sang nata ngingêr sêkatha | dan lumampah yitna wong magêrsari | wus praptèng ngarsaning panggung | dan wadya jêjaranan | dyan katri kang dhinawuhan wus lumêbu | lan sagung para dipatya | mantri prajurit pinilih ||
14. wus munggèng kuda sêdaya | dan kawarna sira Radèn Subêkti | anitihi kuda dhawuk | aran pun kaladuta | pinanganggyan giwang suwarna bra murub | bêbêktan sangking asrama | pinaringakên kang rayi ||
15. angagêm kaprajuritan | sikêp watang dhapur cèkèl pêngrawit | kinumbala sutra dadu | atêtunjung [a...]
--- [f. 79r] ---
[...têtunjung] malela | asopal mas sinosotya[46] winawuku | amolahakên turăngga | angikal watang rêspati ||
16. sira Radèn Wirasastra | nitih kuda ulês gula kabêsmi | ingaran pun dewandaru | tate ingangge wana | pinanganggyan pêsaja rahab biludru | apan wus saekapraya | kudanira sampun wasis ||
17. mênggêp dyan aprajuritan | sikêp watang dhapur biring rêspati | kinumbala sutra wungu | asopal mas tinatah | sanosotya[47] atunjung malela pusuh | amolahakên turăngga | radèn sudira nulya mrih ||
18. Sujalma wus nitih kuda | sah busana sasikêping ajurit | takuping tal kudanipun | aran pun abrapuspa | arjagiwang suwarna rahab biludru | rêspati angagêm watang | kinumbala sutra kuning ||
19. sopal mas tunjung malela | mara ngarsa molahakên turanggi | sapolahe kaduk bêsus | Tumênggung Maospatya | sampun munggèng turăngga sikêping pupuh | Tumênggung Mulyawêcana | sikêp watang natih[48] wajik ||
20. Ki Tumênggung Amongyuda | munggèng kuda sikêp watang ngajrihi | tuwin Dyan Urawan sampun | lan Kyarya Jagalaya | nitih kuda sasikêping aprang pupuh | Arya Purbatiti nongklang | asikêp watang rêspati ||
21. Ki Gusti Prataliyuda | Yudapati sampun nitih turanggi | Prabala agya sumusul | prasamya [pra...]
--- [f. 79v] ---
[...samya] tus prawira | mor lan Radèn Dirgabau agul |[49] myang Ki Dêmang Amongpraja | Răngga Wijaya tan kari ||
22. kalangkung gambiranira | pra pratiwa lir pendah singakarti | laminya angayun-ayun | ing karya kang apringga | dening arsa katona kasuranipun | saking tanbuh walêsêna | ing dana lan sihing gusti ||
23. sampun muni kang têngara | myang gamêlan garjita pra dipati | ingirid ing radyan sunu | sampun mara anêngah | pinêrêkan andaka kang anung-anung | kêbo sapi lêlimbungan | pan dèrèng kêna yèn pinrih ||
24. radèn akèn amisaha | kêbo sapi kang jalu lan kang èstri | sigra Wiryaduta sampun | dhawuhi Pangalasan | tuwaburu misaha èstri lan jalu | Tumênggung Mulyawêcana | angimêr maesa putih ||
25. lagya yun ingarah-arah | mesa galak anêrajang tumuli | tinampan watange putung | maesa sru sudira | ki tumênggung prayitna anarik dhuwung | sarya angêtab turăngga | panandêre anglir mimis ||
26. surak lir pendah ampuhan | dan sirarya Urawan anulungi | Dêmang Amongpraja nusul | amatang saking kanan | Dyan Uran[50] sing kering matang kêtanggung |[51] maesa balik anggudag | ki tumênggung wus angêris ||
27. maesa pan sampun rêbah | ya ta Radèn Wirasêstra lagyapti | ngarah maesa digbya nung | julig ulês kapila | lagya ngarah maesa sura manêmpuh | rahadyan yitna kinêtab | kudanira sampun wasis ||
28. anandêr [ana...]
--- [f. 80r] ---
[...ndêr] asmu ingampah | dadya rapêt buntut kalawan sapi | ingundha-undha saya sru | buntut anglir kumbala | pra dipati sêdaya ngalêm ing kalbu | surak lir pendah ampuhan | rahadyan gambirèng galih ||
29. malah prapta ing ngajêngan | Radèn Wirasastra dèrèng nglarihi | maras sagung para arum | sori marma ing nala | radèn putri ana kêrasa ing kalbu | mulat ing radèn ngasrama | ing manah asmu kuwatir ||
30. ngling Radèn Jayalêngkara | larihana yayi dèn apatitis | winatang andaka sampun | andhêman kawatgata | banthèng rêbah suraking bala gumuruh | langkung suka sri narendra | tumingal ing radèn wukir ||
31. wangsul molahakên kuda | ngikal watang sasolahe rêspati | kêna tyase kang nèng panggung | sêdaya ngalêmbana | dan Rahadyan Subêkti angangkuh-angkuh | wontên banthèng ulês ampal | galake kagiri-giri ||
32. lagyarsa ingarah-arah | anêrajang banthèng asru mangusir | pun Kaladuta sinêmu | nandêr lir pendah kilat | saking sangêt panandêring banthèng têmu | buntut ngasabi kêpala | marma sagung aningali ||
33. garjita Dyan Wirasastra | anyamêthi kuda nandêr ngampingi | lan Sujalma rowangipun | anandêr kering kanan | Yudapati Prataliyuda sumusul | surak lir pendah ampuhan | marma sagung para manis ||
34. gumêdêr ing pêpanggungan | radèn [radè...]
--- [f. 80v] ---
[...n] putri langkung maras ing ati | sori angandika asru | dhuh lae putraningwang | lah adena[52] sadulurira ni mantu | padha dene Si Sujalma | pêgene tan dèn larihi ||
35. praptèng ngarsane kang rama | dan winatang maesa amranani | anggêmbor rêbah anjêrum | langkung suka sang nata | aningali ing putra prawiranipun | pan sami wangsul katiga | sarêng molahkên turanggi ||
36. wontên maesa gêng pêthak | lagya ngarah mring sagung pra bupati | langkung galaknya digbya nung | Menak Sujalma wikan | dan tangginas cinamêthi kudanipun | pun abrapuspa lir kilat | sarya watange kinincih ||
37. maesa sura nêrajang | pinarêngan winatang sangking kering | têtêpak watangnya putung | sangking mandining astra | kêbo sura anandêr sukune têlu | Sujalma angingêr kuda | maesa mati kinêris ||
38. surak lir pendah ampuhan | langkung suka sang nata ngalêm bangkit | pan datan kuciwèng lungguh | sandhaping para putra | Ki Tumênggung Amongyuda ngangkuh-angkuh | wontên maesa magalak | tan pêgat dèn kuliriki ||
39. ya ta lagyarsa winatang | kang andaka bêkos nêmpuh mangusir | tumênggung watange putung | tumancêb ing pêpathak | banthèng mamrih ki tumênggung narik dhuwung | sarta kudane kinêtab | rame kang wong alok mati ||
40. Ki Tumênggung Jagalaya | arsa tulung kudane cinamêthi | lêmbing pasikêpanipun | pun wiratha lir kilat | wusnya parêk
--- [f. 81r] ---
andaka sigra dinuduk | kang banthèng asuku tiga | Kyamongyuda wus angêris ||
41. kang andaka wus palastra | Ki Dipati Urawan nguliriki | wontên banthèng sudigbya nung | ulêsnya asmu pêthak | sing tinêmpuh bubar tan ana atangguh | Urawan nyamêthi kuda | punika andêling jurit ||
42. pun dhêdhali anglir kilat | banthèng sura bêkos nêmpuh mangusir | Dyan Urawan ningkur dhuwung | kuda asmu ingampah | panandêre banthèng rapêt lawan buntut- | ing kuda krura anyudhang | Dyan Urawan tan kuwatir ||
43. sarêng prapta ing ngajêngan | Radèn Jayalêngkara ngandika ris | paman dèn kêbat anglawung | Dyan Urawan amatang | banthèng rubuh suraking bala gumuruh | mèsêm kangjêng sri narendra | suka sagung aningali ||
44. wontên banthèng kalêlatwan | sru karuna gênge kagiri-giri | ingarah pra niyaka gung | tan kêna pinêrêkan | kang sinandêr prasamya amawut-mawut | Prataliyuda uninga | kudanira cinamêthi ||
45. pun mayăngga asmu galak | pan wus tate ingabên lawan sapi | anandêr sêka ring ngayun | banthèng sura manyudhang | parêng nêmpuh kudanya anaut gulu | andaka ngundha andhêman- | ing kuda pan ora titis ||
46. rame kang wong alok pêjah | Dyan Prataliyuda anjog ing siti | andaka cinandhak asru | sungunira pinêtak | banthèng sura asêrêg-sinêrêg dangu | surak lir pendah ampuhan | andaka mati cinundrik ||
47. langkung suka sri narendra | ningali prakosanira
--- [f. 81v] ---
Pratali | tuhu yèn jalma gul-agul | dan Dêmang Amongpraja | lagya ngarah maesa wus kalêlatun | Răngga Wijaya atandang | anandêr sêka ring kering ||
48. lagyarsa ngulungi watang | kêbo balik panandêre kêpati | amatang katanggung sungu | watang putung kasingsal | ki tumênggung nyamêthi kuda katanggung | kudane dhongkah kasingat | Purbatiti anulungi ||
49. amatang sêka ring kanan | maesa kras Purbatiti ingusir | Prabala anandêr asru | tulung ing kadhiminan | dening Radyan Dirgabau sru anduduk | maesa asuku tiga | Răngga Wijaya anglêmbing ||
50. surak kadya langit rêbah | Maospati bramêtyanjog ing siti | tangginas kêbo sinusul | sarwi narik curiga | sru anggoco maesa rêbahirambruk | surake datanpa rungwan | marma kangjêng sri bupati ||
51. surake ambal-ambalan | Dyan Subêkti sinrang banthèng ingusir | Dyan Yudapati tumangguh | tinumbak mêksa anyrang | watang putung Yudapati narik dhuwung | Prataliyuda tumingal | kudanira cinamêthi ||
52. anandêr sigra amatang | banthèng akras bêkos datan anolih | Yudapati wus kaprangguh | banthèng kakot[53] lan kuda | jog tumurun Yudapati nyandhak sungu | banthèng ginarok[54] adêgan | marma sagung aningali ||
53. andaka niba wus pêjah | samya sayah kudaning pra dipati | kuda Maospati lampus | Yudapati duk nunggang | tinêrajang ing banthèng sura digbya nung | Dyan Yudapati sinudhang | atadhah [ata...]
--- [f. 82r] ---
[...dhah] datan gumingsir ||
54. Arya Maospati mulat | dya amatang banthèng asru ambalik | Yudapati nyandhak suku | ngwingking suku kang kiwa | Maospati buwang watang nyandhak sungu | andaka sura rinujag | patine dipun cundriki ||
55. surake datanpa rungwan | dahat marma pawèstri ting jalêrit | miwah ingkang para arum | sori marma ing putra | sri narendra ngandika mring radèn sunu | kaki radèn arinira | sira undurêna aglis ||
44. Durma
1. amlasakên kaki kuda akèh sayah | lan sagung pra dipati | radèn lon ngandika | hèh sira Wiryaduta | dhawuhana ri mas kalih | myang pra pratiwa | timbalan jêng rama ji ||
2. kabèh padha andikakakên mundura | ngasokakên turanggi | nêmbah Wiryaduta | wus anitih turăngga | agya nandêr andhawahi | mundur sêdaya | Wiryaduta wus bali ||
3. angabêkti Rahadèn Jayalêngkara | matur ing rama ririh | kawula sumăngga | ing karsa jêng paduka | bujêngan punika taksih | kathah karura | tanapi ingkang èstri ||
4. mèsêm kangjêng sri narendra lon ngandika | ya sakarsanta kaki | pan sun nyuguh sira | ngabêkti rajaputra | animbali wadya katri | lah Man Nirbaya | Nirpringga Man Nirwèsthi ||
5. sira paman pinundhut pakaryanira | dening kangjêng rama ji | dikakkên ngêntèkna | sakèh buron alas |[55] sandika katri ngabêkti | sakancanira | katiga angabani ||
6. hèh sakèhe kănca manira [mani...]
--- [f. 82v] ---
[...ra] sing arga | sira ingayon sami | dening gustinira | buron kinèn ngêntèkna | aja lêleda ing kardi | dan mangkat bayak | atayungan sami |[56]|
7. onclang watang angidung agiyak-giyak | rêmên ingkang ningali | arampak kewala | Nirbaya munggèng kanan | Nirpringga kang anèng kering | Nirwèsthi têngah | wênèh ana mênyanyi ||
8. tigang atus kathahe wadya ngasrama | lyan brêngose pinuntir | onclang watangira | ana gêrêng alatah | watange ngêmbat kumitir | apacak jăngga | sarwi anaut rawis ||
9. kêbo sapi sêdaya sampun aringas | sigra nêrajang wani | wadya ing asrama | tan ana gumingsira | watang putung anarik kris | ana amêdhang | kang sawênèh anyundrik ||
10. ting sulayah andaka kathah kang pêjah | surak mawanti-wanti | Nirpringga tinrajang | banthèng asru karura | winatang asru mangusir | watang blah nyandhak | sungu pinêtêk anjrit ||
11. pan adangu Nirpringga dêdrêg-dêdrêgan | ing panggung ting jalêrit | sang dyah sami marma | Nirpringga sru sudira | dhinêngkul andaka mati | polo mancurat | gawok sagung ningali ||
12. dan Nirwèsthi adangu udrêg-udrêgan | lan maesa gêng putih | anging wus katalang | ngundha-undha tan kontal | loking wong Nirwèsthi mati | wus olih papan | maesa tinampiling ||
13. polonira mancurat maesa pêjah | surak mawanti-wanti | Anirbaya [Anir...]
--- [f. 83r] ---
[...baya] kagyat | tinrajang saking kanan | Sang Nirbaya kasuliring | tiba kajêngkang | Nirbaya dèn ulèni ||
14. loking bala Nirbaya pan sampun pêjah | marma sagung bupati | pan wus olih papan | Nirbaya rada bênggang | andaka nulya binithi | poking talingan | andakanjrit ngêmasi ||
15. suraking kang wadya lir pendah ampuhan | suka sri narapati | wong Sonyawibawa | langkung ebat tumingal | ya ta wong asrama maksih | ulêng-ulêngan | watang crah dèn buwangi ||
16. kang sawênèh ingundha tiba malêsat | tangi anarik kêris | sing wuri ambyuk mrang | kêkêcèt ing maesa | ana kang angrujag wani | banjur anunggang | maesa dèn sêsampil ||
17. kang sawênèh ingundha muluk ing watang | tibane nunggang gigir | mesa sinudukan | dèn byak sing kering kanan | matine dipun suduki | anjog kang nunggang | surake wanti-wanti ||
18. kang sawênèh ana kang tiba kalumah | banthèng sura ngakahi | ginêlut gulunya | ginarok saking ngandhap | ana nyandhak sikil buri | akaroncalan | mati ginarok cundrik ||
19. tanpa rungwan surake ambal-ambalan | suka sri narapati | miwah pramèswara | putri rêmên tumingal | parèstri gawok ningali | tutur-tuturan | atuding-tinudingi ||
20. akèh [a...]
--- [f. 83v] ---
[...kèh] warnane kang tarung lan maesa | lyan ngundha mring wiyati | kombul narik pêdhang | banjur tiba anunggang | andaka dipun pêdhangi | kang saking wuntat | buntute dèn gendholi ||
21. rêbah ingkang andaka pan pinêdhangan | lyan ingundha ya inggil | têka latah-latah | tiba tinampan singat | tangginas gendholi kuping | binêkta bêdhal | tansah akonthal-kanthil ||
22. tinututan ing rewang buntut maesa | cinandhak dèn suduki | maesa wus rêbah | tustha sang nata mulat | angartika jroning galih | tuhu prawira | alwat-alwat tan titis ||
23. baya-baya wus pitulunging Ywang Sukma | dadi pikukuh nagri | praptane ki putra | wadyane wirèng baya | baya wus têkdiring Widi | nak sun mas benjang | dadya têpa palupi ||
24. sirna gêmpang andaka miwah maesa | kari bêburon alit | narendra ngandika | hèh Wiryaduta sira | dhawuhna wadya ngasrami | padha mundura | banjura andhawuhi ||
25. sarupane bupati ya urunana | wong malêbèng piranti | mantri jênêngana | sikêp kang dèn lêbokna | nyêkêl sangsam kidang kancil | sarta saosa | pikulan dhadhung tali ||
26. nêmbah mêsat Wiryaduta nitih kuda | tinitir ing camêthi | dan wus dhinawuhan | mundur wadya ngasrama | ya ta lajêng andhawahi |
--- [f. 84r] ---
sagung bupatya | wadyane kinèn manjing ||
27. nyêkêlana kidang kancil lan mênjangan | wadya malbèng piranti | kèh tanpa wilangan | samya grêgut asurak | sulung-sulung anusuli | gumêr gumêrah | myang canggah dhadhung tali ||
28. pan buyar kang kidang kancil lan mênjangan | surak lir karngèng langit | bêburon wus sayah | wus kêna jinirêtan | akèh wong tiba kuwalik | abiyang-biyang | ana katunjang sikil ||
29. babak bundhas ana kang kêrangkang-rangkang | binêkta milar kancil | wênèh nyak sangsam |[57] suku ngwingking rinujag | dhinabyang ing kanan kering | akaroncalan | ana kuwalik-walik ||
30. kathah pêjah kidang kancil lan mênjangan | nging kèh kang kêna urip | suka sri narendra | mulat polahing wadya | miwah radèn putra putri | myang pramèswara | dening kèh kang kaèksi ||
31. angandika arum kangjêng sri narendra | hèh ta gandhèk dèn aglis | kaum pêpardikan | lah sira dhawuhana | kêbo banthèng lan jêjawi | dèn sunatana | kidang mênjangan kancil ||
32. nêmbah mêsat Wiryaduta sêsandêran | sampun dipun dhawuhi | kaum pêpardikan | kathahe kawan dasa | sampun malêbèng piranti | sigra tumandang | nêmbêlèh kêbo sapi ||
33. kathah polahe kang nambêlèh [na...]
--- [f. 84v] ---
[...mbêlèh] maesa | banthèng miwah jêjawi | kidang lan mênjangan | kang misih karoncalan | ana ingkang dêdagangi | ki lêbe mênggah | padha pating pandiring ||
34. ana ngucap tan sêmbada yèn ambrêkat | mrêgagah amêthingkrik | amaca bismillah | tumandang ngunus gobang | sungu ingidêk ing sikil | wus kinakahan | banthèng wus dèn sunati ||
35. ana ingkang rinujag kinaroronan | sungune dèn cêkêli | amaca bismillah | gulu ginarok gobang | ana ingkang dèn kapati | abubar-bubar | ana dèn sêdasani ||
36. kang sawênèh ana dadak luru canggah | dhadhung miwah têtali | ana kaum ladak | angucap sru anêntak | apa gunamu ki santri | santri kêraca | dayamu mung ngruk intip ||
37. sigra mara sarwi amaca bismillah | kêbat gobang tinarik | na banthèng wus rêbah | nanging durung palastra | ki lêbe amarêpêki | janggirat gêbras | kagèt lumayu ngênthir ||
38. gudandapan lah kănca sun tulungana | ana dhèndhèng bayani | mlayu nunjang-nunjang | samya suka kang mulat | anunjang cèlèng andhêlik | ki lêbe tiba | kalumah dèn kakahi ||
39. biyang-biyang ki lêbe tiafar sarta | kondhole dèn kêpithing | ngudubilah setan | iki cèlèng kaparat | baya tan akulak warti | sun sugih donga |
--- [f. 85r] ---
tate ingsun nalêkim ||
40. ngluhur panggung sami myat guyu gumêrah | ngandika narapati | lah wis kaki putra | buron sakarsanira | rajaputra angabêkti | gya lon ngandika | hèh Wiryaduta aglis ||
41. dhawuhêna timbalane kangjêng rama | mring sagung pra bupati | padha parentaha | kabayane anduma | dèn bagea kang wêradin | cawis dumana | nêmbah sang kinon mrêgil ||
42. sri narendra nimbali parêkan jaba | Sêmangko gya ngabêkti | sira dhawuhana | Dirgabau nataa | sakèhe wadya prajurit | pan ingsun arsa | masanggrahan tumuli ||
43. Sêcanama matura ing gustinira | ni sori lan ni putri | banjur masanggrahan | nyai kalih tur sêmbah | lèngsèr saking ngarsa aji | jêng sri narendra | tan adangu gya mijil ||
45. Mijil
1. sampun tata kang wadya prajurit | tan owah ing ênggon | wadyèng arga nèng wuri lampahe | tan kawarna satingkahing margi | pasanggrahan prapti | pramèswari laju ||
2. lan kang putra radèn putri katri | warnanên sang katong | wus pinarak ing têtarub gêdhe | kang putra tan kêna sah sanyari | Rahadèn Subêkti | jajarira lungguh ||
3. Wirasastra Sujalma kawuri | Dirbau rada doh | Tumênggung Maospati ngarsane | Tumênggung Mulyawêcana sisih | Mongyuda asisih | Urawan Tumênggung ||
4. Jagalaya Arya Purbatiti | Mongpraja tan adoh | nuli Răngga
--- [f. 85v] ---
Wijaya sandhinge | ing wurine mantri agêng alit | ngandika narpati | bok sira angrungu ||
5. mungsuhira paran ingkang warti | umatur wotsinom | dèrèng obah sangking nêgarine | Mulyawêcana matur ngabêkti | pêcambêng bahaki | mangkya sami mundur ||
6. seje sun wicara Maospati | êmbèn bubar ingong | dhawuhana wadyaningsun kabèh | angabêkti sagung pra bupati | karan sun tambani | kuda akèh lêsu ||
7. sapa ingkang duwe kuda mati | dyan putra wotsinom | pun Paman Maospati wondene | Mulyawêcana rêmpu kang wajik | Man Mongpraja inggih | kudanipun tatu ||
8. nata ngandika lah ta ki mantri | sapa crah kang waos | rajaputra ngabêkti ature | Paman Mongyuda waose palih | Jagalaya inggih | rêmpu dhuwungipun ||
9. kang Sujalma waosipun palih | Răngga Wijaya sok | kang waos crah Mongpraja dhuwunge | Purbatiti suku kang kasungit | nanging tan mranani | sri narendra manggut ||
10. gumrudug prapta wadya ngasrami | tinon sagoh-sagoh | prênata-tata lêlinggihane | ingawe dening sri narapati | prasamya tur bêkti | majêng mundhuk-mundhuk ||
11. kinèn piyak wadya kang nèng ngarsi | pan wus sami lunggoh | sapa rane kang nèng ngarêp dhewe | ingkang brêngos ragok-ragok kuning | dyan matur Pratali- | yuda namanipun ||
12. kang sudara raka paduka ji | nging kaprênah anom | manggut nata ngling pantês [pantê...]
--- [f. 86r] ---
[...s] sêmune | lah kang irêng godhèg wok Dyan Bêkti | Paman Yudapati | inggih tunggilipun ||
13. ingkang rada lutih-lutih kuning | dhêdhampak bêrongkol | arang abang apanjang brêngose | pun Prabala ipenipun dening | pun wa ing Dipardi | Prawata palungguh ||
14. kang nglênging ula dumung netrandik | dyan putra wotsinom | pun Nirwèsthi punika wastane | pun Nirbaya kang dhêdhampak kuning | pun Nirpringga lêncir | bang-bang awakipun ||
15. sri narendra ngandika rum manis | bagya sanak ingong | basuki ta kabèh sakancane | tur sêmbah sagung kang sinungan ling | parêngan nuhun sih | mangrêpa sêdarum ||
16. adhi sira sun bisani kalih | arja ringong karo | Dyan Pratali Yudapati ture | sah ambêkti sumungkêm ing siti | mangrêpa dyan kalih | jrih andhêku-dhêku ||
17. atur sêmbah pun patik nuhun sih | lêbu pada katong | kapundhi mastaka sêbda rajèng | pan kacancang sapucuking wèni | kapêtêk ing galih | pasihan kang dhawuh ||
18. manggut sang nata nganan angliring | muni kang ponang gong | sêsaosan wus katur ing rajèng | nêmbah mundur kang anglêladèni | asêlur ing wingking | kang mring bupatyagung ||
19. radèn katiga wus dèn saosi | ngandika sang katong | Ki Pratali miwah sakancane | apa uwis padha disaosi | nêmbah Maospati | sampun jêng pukulun ||
20. kêbayan [kê...]
--- [f. 86v] ---
[...bayan] kang dum mring para mantri | miwah prajurit tos | prawirandêling kanan keringe | wus dhahar kangjêng sri narapati | wadwa samya bukti | wênah ulam sêkul ||
21. wusnya dhahar amucang prasami | wadwa sami nglarod[58] | awurahan dasih mangan kabèh | anglir pendah kang wrêsa kintaki | swaraning abukti | pikul sami pikul ||
22. wus pinaring wadwa ing asrami | arta sabuk dadot | pra bupati kang mati kudane | pan sami pinaringan turanggi | tumbak tuwin kêris | sri narendra kondur ||
23. tan winarna pan wus kalih latri | kèn têngara katong | wus lumaris cucuking lampahe | Răngga Wijaya kang anèng ngarsi | sawadya myang mantri | atata asêlur ||
24. Amongpraja ingkang anundhuli | wadyane agalong | Amongyuda măngka têtindhihe | Wirasastra sarêng Dyan Subêkti | pan samargi-margi | sêsirig ing ênu ||
25. Menak Sujalma anitih èsthi | tansah akararon[59] | dyan putra wus munggèng wahanane | liman aran pun wanara srênggi | kangjêng pramèswari | tan pisah lan sunu ||
26. miwah kang rayi dyan putri tuwin | garwa tan kêna doh | sri narendra nitih liman dhewe | prajurit dalêm nganan angering | ingkang anindhihi | Radèn Dirgabau ||
27. wadwa ngasrama kang anèng wuri- | nira jêng sang katong | Tumênggung Maospati ngwurine | sawadwane sami ati-ati | Mulyawêcana Di- | pati ngwurinipun ||
28. sawadwane sami yitnèng wèsthi | samarga agalong | wus lumarug narendra tindake | Arya Jagalaya [Jagala...]
--- [f. 87r] ---
[...ya] kang nundhuli | sawadyane ngiring | sudirèng pakewuh ||
29. Kya Purbatiti pinatah ngiring | sakèhing rêrepot | tandhu joli miwah rêmbatan kèh | Dyan Urawan anèng wuri têbih | pacalang nyanguki | wadwa putus-putus ||
30. sawadwane langkung yitnèng wèsthi | tan kêna cinarok | dening mungsuh wus lêpas lampahe | sing kamargan kêrig aningali | alami nèng margi | kangjêng sang aprabu ||
31. duta dhimin awèh wruh si patih | esuk praptaningong | duta cundhuk patih ngrèh kancane | tata suguh lan ngundhang-undhangi | mêthuk ing narpati | wong praja sêsugun ||
32. orêg ing kitha miwah ing jawi | samyarsa nênonton | sami paès abêbrêsih kabèh | lyan kasusu kampuhe dèn irid | akampuh ing margi | agêlung ing ênu ||
33. ana lathi lagirêng sasisih | kasusu nênonton | na kampuh ing marga sarwi ngure | kang sawênèh kêkêmbên kulambi | dèn sêngguh jêjarit | padha dèn gêguyu ||
34. ana lumayu ngure kang wèni | lukar tan winaon | nging santêne kinêmpit tan awèh | kêkêmbêne lukar kang sapalih | ngure koplak-kaplik | tan kobêr apinjung ||
35. padha suka kabèh kang ningali | tan kêrasa nimbok | rika iku lali adêduwe | saur guyu wusing sun kuncèni | lawang lawan pêthi | kadut wus sun barut ||
36. cinablèk wakane apa iki | dene anêlasor[60] | latah-latah baya
--- [f. 87v] ---
iki suwe | kang sawênèh wong anêningali | amondhok ing margi | angliwêt ambubur ||
37. kang lêlakon tigang dina prapti | dhingin ciptaning wong | apunagi ingkang rawuh radèn | kaping kalih arsa wruh ing putri | dadya sami prapti | ing tyase sêsugun ||
38. amapag suguh samargi-margi | jruk manggis lan wunglon | dêgan năngka sêmăngka sandhinge | lêgèn wragang pêlêm lan kuwèni | gênuk urut margi | têtêl ulam sêkul ||
39. arame wong kang anêningali | atakon-tinakon | êndi silih radèn mantri gone | kang tinanya ngling lah ika gusti | kang kêmba lan èsthi | lan ri myang jêng ratu ||
40. kang nèng kuda lan Radèn Subêkti | ika Radèn Ino | kang sawênèh angling dudu radèn | mapan ingsun tan pangling mring gusti | ingkang nitih èsthi | lawan garwanipun ||
41. anèng ngarsane sri narapati | ika Radèn Ino | mapan uwus akrama rahadèn | ngling kang tanya ragane jêng gusthi[61] | dhuh putri sing wukir | dènnya yu kalangkung ||
42. ingkang wikan angling dudu gusti | ingsun wus wêspaos | kang nitih liman lawan garwane | nèng wingkinge kangjêng sri bupati | kang putra kya patih | Dyan Sujalma iku ||
43. ingkang mojar dhimin anauri | iya bênêr ingong | ingkang nitih kuda akêkanthèn | lan Dyan Subêkti ika jêng gusti | kang wruh anauri | dudu rajasunu ||
44. ika uga ingkang ipe gusti | pan kaprênah anom | Radèn Wirasêstra kêkasihe | sagung mulat gawok aningali [aning...]
--- [f. 88r] ---
[...ali] | dhuh dene asigit | dyan putra ing gunung ||
45. samya angling êndi silih gusti | angling kang tinakon | ingkang nitih liman lan garwane | katiga lan kangjêng pramèswari | sakawan dyan dèwi | putri sang aprabu ||
46. sarawuhe kang raka sing wukir | datan kêna adoh | lan kang rayi tuwin lan ibune | langkung onêng kangjêng pramèswari | miwah radèn mantri | rawuhe sing gunung ||
47. sami kasmaran kang wong ningali | maring Radèn Ino | lirna sang dyah ing arga ayune | kadi kêmbar lan radèn putri |[62] tanbuh kang pinilih | sami wancinipun ||
46. Sinom
1. nanging sada anom muga | Dèwi Ragasmara dhidhik | kang warna èstu lir kêmbar | yèn aja kèha udani | tan idhêp siji-siji | nahanta ingkang winuwus | praptèng jaran sundhulan | wadya sewagara sami | wong saragni ambêksa muni kang tinggar ||
2. kadi bêrondong swaranya | pêtêng dening kukus bêdhil | dan gumanti wong anutra | drèl gênti lir numpêt kuping | bêksane ngrêspatèni | wong namèngyuda drèl kumrug | bêksane anggêgila | mangsah kang wadya tamtami | nyangkragnyana bêksane gancang tangginas ||
3. akathah kang tiningalan | bêksane wadya pinilih | nulya wadya ing asrama | ambêksa sikêping jurit | sawongira Pratali | tinitir kang kalaganjur | sami watang-winatang | akathah lawung kang palih | kagawokan sêkathahe kang tumingal ||
--- [f. 88v] ---
4. Ki Gusti Prataliyuda | Nirpringga lawan Nirwèsthi | sabature abêbêksan | watang-winatang tan titis | sèlèh watang angêris | adangu suduk-sinuduk | gègèr kang wong nêningal | pawèstri pating jêlêrit | sri narendra kalangkung suka ing nala ||
5. ciptaning tyas sri narendra | wuwuh kukuh kang nêgari | tumingal wadya ngasrama | muwah sagung pra bupati | padha ngalêm ing ati | tuhu prakosa atêguh | angrasa olèh rewang | mêngkana ciptèng bupati | sampun prapta sang nata ing pagêlaran ||
6. maksih nèng luhuring liman | tansah anggugu ing galih | wêwah kêkahing prajanya | sarawuhe ingkang siwi | antuk wadya ti-ati | miwah ta rahadèn gunung | pasêmone prawira | tan winarna sukèng galih | sri narendra sampun lajêng angêdhatyan ||
7. mantri aglar ing paseban | kunêng nyai patih prapti | myang sagung para bupatya | kang èstri sami angiring | kèndêl ing srimênganti | anganti kang dèrèng rawuh | myang garwaning sêntana | pinêpêk ing srimênganti | canthèl atur marang kangjêng pramèswara ||
8. wus katur sami ngandikan | dyah ing sêntana bupati | manjing ngaturi pamapag | ing radèn putri tur sarwi | anuwun Kèn Supadni | wus kering binêkta mantuk | dhumatêng kêpatihan | sêsugunira tan sipi | sakathahing kagêngan sinung sêdaya ||
9. kunêng Radèn Wirasêstra | wus sinung dalêm pribadi | sawadya sinung
--- [f. 89r] ---
pondhokan | ya ta ponang lèlèr mijil | tinampèn Dyan Pratali | daragêm lawan pêpêlung | bèrêm maring rahadyan | mas rêtna sêlaka picis | mantri praja busana lan bauwarna ||
10. bubaran wong kang nêningal | tan lyan dèn ucap samargi | amung dyah ayu ngasrama | dene tanbuh kang pinilih | lawan rahadèn putri | mêngkan putra ing gunung |[63] pantês yèn apanggiha | kalawan rahadèn putri | mandahane panyikute ing asmara ||
11. dhuh bangkit rika mêmacang- | akên rika ta ni ari | lakinira tuna sêstra | angling sarwi karig-kirig[64] | sêstra siji tan uning | aja si wêkêl ambêrung | yèn arêp wêwêdhusan | arêp ora têka nyobi | êmbuh sringe sun pèlèti pêliridan ||
12. adhuh dene rika gandhang | adoh lan rahadèn putri | dhuh dudu rika wicara | padha suka rowangnya ngling | tangèh warnanên malih | lingira wong kang dêdulur | kawarnaa rahadyan | praptèng pura wus dwi latri | tan kêna sah lawan ibu sorinira ||
13. sadina-dina kasukan | angirup mina botrawi | miwah yèn angrujag sangsam | anyukakkên sang dyah wukir | tan kengang pasang wèni | ingkang kadhatêngan mantu | ginurah mring paprêman | langkung kang sih pramèswari | mring kang mantu sangsaya ngunduri suka ||
--- [f. 89v] ---
47. Durma
1. ênêngêna nêgari Sonyawibawa | gêntya winarna nênggih | nagri Singapuspa | julukira nalendra | Prabu Săntabuwana Ji | dêdêg sang nata | agêng inggil rêspati ||
2. ratu agung sugih tur gagah prakosa | kinajrihan samya ji | lima saudara | sami jumênêng nata | kapănca prawirèng jurit | anrang larangan | wicitra ngrêrusuhi ||
3. sri nalendra
--- [f. 90r] ---
mangkya lagyarsa sineba | kya patih lagya nangkil | pan pêparabira | Apatya Jarasănda | gagah prakosèng ajurit | jinrihan wadya | tate ambayong putri ||
4. Ki Dipati Prabalingga kang kinarya | lêlurah pra dipati | tate bêdhah kutha | angganthol kapurancang | tau mathol[65] dhas prajurit | jêjulukira | Ki Dipati Pêsagi ||
5. Ki Tumênggung Sindura kang munggèng kanan | lan Arya Widandini | Dêmang Anurwenda | Răngga Andanurdara | tate ngrangsang balowèrti[66] | padha lwat-alwat | tate tos datan titis ||
6. ingkang kering Tumênggung Binarong rannya | lan Kyarya Măndrapati | Dêmang Jathasura | lan Ki Răngga Durjaya | punggawèng jro Ki Dipati | Purbanêgara | lan Arya Salyarini ||
7. Dêmang Jaya Wilacipta gul prawira | Kya Pramusita dening | kang amangku praja | sakèh para dipatya | Kya Dipati Wanasari | myang ing Pajrakan | miwah Dipatyèng Bangil ||
8. Adipati ing Rênun lan ing Kalayar | Sidapêksa Dipati | Gêmbong Pasuruan | Sarêngat lan Balitar | Bantal Padhomasan tuwin | Dipati Tuban | Wajak lan Watuurip ||
9. salawase paseban tan kadya mangkya | jêjêl ing păncaniti | miyos sri nalendra | orêg
--- [f. 90v] ---
para dipatya | upacaranira asri | pêdhang sênjata | angapit kanan kering ||
10. wus pinarak sang nata anèng bacingah | prajurite abaris | ganjur marti kosa | endhe wong anirbita | ambêstrong wong tanpakering | wong nyakrayuda | tumbak sulam abaris ||
11. nata nêbda hèh patih paran kang warta | kya patih atur bêkti | dhêdhêp sapunika | datan wontên kang kabar | manggut sang sri narapati | matur kya patya | gusti amba tur pêksi ||
12. pan kawula gusti kadhatêngan jalma | saking nagri Ciamis | congkrah lan kadangnya | awasta pun Pragalba | sumêdya suwitèng gusti | bodhol sarayat | sumonggèng karsa gusti ||
13. angandika sang nata sun arsa wikan | ngabêkti kyai patih | ngwingking punika ta | manggut nata tarima | seje kang ingsun rasani | paran wartanya | Si Măndrabuwana ri ||
14. atur bêkti Kyai Patih Jarasănda | yèn rayi paduka ji | Gusti Ngwisantara | uni tan darbe karsa | lah kadipundi ta yayi | ing Prabalingga | matur Arya Pêsagi ||
15. lagya eca ngandika sri naranata | wontên cundaka prapti | kang kinèn andhustha | maring Sonyawibawa | kagyat sang nata ningali | iku [i...]
--- [f. 91r] ---
[...ku] wong apa | kya patih atur bêkti ||
16. gih punika pukulun abdi paduka | kang kotus andombani | ing Sonyawibawa | ngandika sri nalendra | lah majua sun takoni | pun Sandiprana | majêng saha wotsari ||
17. inggih sampun pukulun dasih kaduta | mangkin Sang Sri Bupati | ing Sonyawibawa | gusti aminta sraya | satriya nom saking wukir | ingkang dinuta | putranipun sang aji ||
18. dupi myar sri nalendra langkung duka |[67] apan anglir sinipi | awinga jajanya | sumuk ingkang wêdana | kumêdut padoning lathi | andik kang netra | muka bang pindha rawi ||
19. rawis ngada brakuthu anggigit waja | nyurêng sirung mawêngis | angawêt lathinya | gumêtêr kang sarira | kumyus swaning ăngga mijil | asru ngandika | sapa rane kang prapti ||
20. lawan gunung ngêndi pinangkaning sraya | apa lungguhing jalmi | kang anggêr wong pira | matur pun Sandiprana | sapamyarsa kula gusti | suwuring kathah | sutaning pandhita ji ||
21. ing Pamriyan kêkalih ingkang satriya | wastanipun satunggil | Radèn Wirasastra | lawan Menak Sujalma | dene putrane sang aji | kang cinundaka [cinu...]
--- [f. 91v] ---
[...ndaka] | aminta sraya gusti ||
22. akêkasih Rahadèn Jayalêngkara | kang ginadhang gumanti | jumênêng nalendra | wontên Sonyawibawa | putra pêmbajêng kêkasih | dinama-dama | manggut sri narapati ||
23. lah balane pira kèhe Sandiprana | Sandiprana tur bêkti | wêtawis kawula | gusti sèwu kang wadya | alatah sri narapati | anampèl pupya | awèh ulat sang putri ||
24. wis jamake wong ayu sok alêlewa | amrih sêngkud ing laki | iya sun tarima | ora ngapaa uga | golongan nyumbagèng rêsmi | yèn kabênêran | măngka pamapag bêkti ||
25. hèh apatih age sira parentaha | sakèhe wadya mami | yèn ing besuk tanggal | ping têlu bubar ingwang | ngabêkti kyai apatih | matur sandika | ngandika sri bopati ||
26. hèh Tumênggung Purbanêgara sun duta | mringa Pringgabaya glis | sira dhawuhana | si adhi Pringgabaya | yèn ing besuk tanggal ping tri | gon ingsun budhal | timbalana ri mami ||
27. kon samêkta sakêpraboning alaga | dirada rikat ugi | aja kalayatan | barênga lawan sira | warahên sun arsi-arsi | amit anêmbah | Tumênggung Purbanagri ||
28. sigra lèngsèr saking ngabyantara [ngabya...]
--- [f. 92r] ---
[...ntara] nata | nata ngandika malih | Răngga Pramusita | miyanga Sonyalaba | dhawuhana ari mami | Endrakusuma | yèn sun bubar tumuli ||
29. nanging gustinira warahên yèn ora | sun ajak andon jurit | sun gênaha jaga | ingkang kari ing praja | ya ing Wisantara nagri | kang dèn jagaa | konên angati-ati ||
30. iya sarta samêktaa ing ayuda | ewuhayèng nêgari | aja apêpeka | warahên ariningwang | poma-pomanên dèn apti | sabudhal ingwang | aja talendhor ugi ||
31. yèn wus dhawuh timbalan ingsun banjura | sira maring Tumasik | sira dhawuhana | ya kaya mau ika | lamun sira besuk kari | sira banjura | atunggua ing puri ||
32. atur sêmbah sira Răngga Pramusita | saking ngarsa narpati | nata malih nêbda | lah patih karsaningwang | Sandiprana konên bali | lan kanthènana | kyana patih ngabêkti ||
33. wontên lurah kajinêman kang prayoga | sumăngga karsa aji | ran pun Wangsèngtingal | nata manggut dan samya | linèlèr busanarta kris | duta dwi mêsat | nata ngandika malih ||
34. mêngko mayo drawina dipati samya | sandika kondur aji | bubar gung sewaka | prasamya pradandanan | wadya na tumbas turanggi | myang mangun wata | ana mijilkên bêdhil ||
--- [f. 92v] ---
48. Mijil
1. sigêgên nagri ing Singasari | ingkang winiraos | ing Sonyawibawa pan ing mangke | nuju ari Somarsa tinangkil | kangjêng sri bupati | ing paglaran pênuh [pê...]
--- [f. 93r] ---
[...nuh] ||
2. pêpêk kabèh wadya kang anangkil | tan owah ing ênggon | kadi sabên wus wruh pasebane | dhatêng ing srimênganti ningali | lampah para nyai | tan kadi ingutus ||
3. anamun tingal amitambuhi | bangkite kang kinon | ing liring pilih wikan wadine | tan adangu dènira ningali | matur ing narpati | wadya wus sêk pênuh ||
4. kyana patih pan lagya anangkil | akampuh biyabon | apaningsêt pitarja angêne | Kya Patih Jayasănta pratami | wasis anampèni | sasmitaning ratu ||
5. ingkang kanan jajar lan apatih | kang măngka kaliwon | Tumênggung Mulyawêcana jèjèr | Arya Jagalaya kang nambungi | Dêmang Mongprajèki | Răngga Sutiknèku ||
6. kang kering Tumênggung Maospati | Urawan sandhing gon | gya Ki Răngga Wijaya sandhinge | Dêmang Tisnawijaya nambungi | ing jro kang sumiwi | Mongyuda Tumênggung ||
7. Arya Tampolas lan Purbatiti | Dêmang Pênatasron | pra sêntana nêpungi linggihe | Dyan Sujana Wisêstra anuli | Dyan Ywanjanasandi | Radèn Dirgabau ||
8. Ki Ngabèi Sandisastra carik | rumêksa ing wados | lantip tampi sasmitaning rajèng | pringganing praja wus dèn artèni | pakewuhing nagri | sêdaya winêngku ||
9. Kandhuruan lawan Ăndhamohi |
--- [f. 93v] ---
Mongwangsita tan doh | Pêcattăndha nambungi linggihe | Pêngalasan lawan Waduaji | Wiryaduta cawis | sowan sitiluhur ||
10. anjagani utusan narpati | sakancane galong | mantri anom kang mor pasebane | mantri-mantri jajar banjêng parik | kêparak atunggil | gêdhong kêbayan gung ||
11. kalang gawong kêmasan undhagi | êmpu sayang nanong | pangukir suranata tunggil gèn | ngampil nyrigan gamêlan sêrati | jaid lan garêji | kang jajari pênuh ||
12. wong maundara lan judhipati | tanuastra dêmon | sêk pupênuh[68] jantaka jajare | wong jagabaya prayitnèng wèsthi | nyangkragnyana mrapit | pinilih sumambung ||
13. wirabraja brajanala malih | patrayuda nawok | mantri jêro ing ngarsa prênahe | martalulut lan singanêgari | kêstabêl saragni | mraki mriyêmipun ||
14. priyăntaka nèng ngarsa amalih | magêrsari nongsong | wong brajakilat ngapit prênahe | wong anutra nèng kanan lan kering | jagasura ngwuri | asisih lan mandhung ||
15. kyai pangulu pênatagami | nèng surambi andon | nitipraja nèng pajêksan gène | kang sinandhing dening sri bupati | bilih supe aji | punika sumambung ||
16. sang prabu akampuh datan apti | ingkang kagêm pindho | sampun aès [a...]
--- [f. 94r] ---
[...ès] lir citrèng baguse | dening ingkang putra sampun prapti | yun miyos tinangkil | upacara ngayun ||
17. banyakdhalang lawan sawunggaling | ardawalika byor | kacumas kidangrukmi jajare | lantaran rinênggèng suwarna di | kuthuk lawan kandil | ajajar lan saput ||
18. pakojokan jajar lan cêpuri | dhampar sinotya byor | kêbut lar dewata papat jèjèr | pêdhang sêrampang sami ingampil | gandhèk sinotya di | myang sênjata jêpun ||
19. waos agêm ingampil sarakit | talêmpak tan adoh | sami piturun nata kinane | endhe gandhewa sami ingampil | pangunjukan aji | nèng bakor[69] mas tatur ||
20. kang anămpa padha nom yu luwih | kampuh jingga abyor | sami samir wali jêne kabèh | sami sêngkang panunggul hèr agni | bêdhaya marapit | sinome winangun ||
49. Sinom
1. nêngêna sri naranata | kocapa rahadèn mantri | amit dhatêng ibunira | kang pangandika sri sori | iya sebaa kaki | sun wangêni suwenipun | sapamucang kondura | mèsêm radèn atur bêkti | wus akampuh saroja cinitrèng warna ||
2. paningsêt renda asmara | dhuwung wêrăngka tinulis | kandêlan malat prabata | sinasawud ing hèr thathit | mangêbêl rêtna prapti | ing soran praptèng wêripun | sêkar tatrap sri karsa | căndra winangun nêlahi | têbah jaja kadi Bathara Marmata ||
3. lathi ngingking [nging...]
--- [f. 94v] ---
[...king] imbuh raras | yayah tumètèsing gêndhis | keswa mêmês wuryan tirta | awilis gănda mênuhi | sarira mawantah ing | wênah ing apulang lulut | lir murca kinêdhèpna | èsême amindha thathit | sêmunira angalap yuswaning kênya ||
4. anulya amit ing garwa | dhuh gusti ratuning Ratih | sinukana mit kawula | sowan ing ramandika ji | punapa ta sang uning | dasih asewakèng prabu | yèn tan wontên sih dika | kang abdi wande anangkil | sang dyah mèsêm kadi ladhu madu kilang ||
5. sang kakung angling mangaras | panêbdanira nrang gêndhis | intêne Jayalêngkara | sangonana kang pêkathik | gantènira mas gusti | yèn tan tulusa murtèng rum | sihe mring kawulanya | kadi botên dadi jalmi | yèn pisaha sapadang pun kakang pêjah ||
6. mèsêm ratuning puspita | tutug amucang tumuli | kinênyoh dènnya sung gantyan | sang kakung anêcêp lathi | dyah mengo asmu isin | linud ingaras sang arum | kasmaran singa mulat | marang sang ujunganing sih | rajaputra amisik amit ing garwa ||
7. angandika ratuning dyah | sampun tindak kaki lamis | duk mênyat kakung angaras | tindak tansah nolih-nolih | ingkang kari ciptaning | kanala kadya tut pungkur | wadya pêpak sêdaya | gusti Pratali Nirwèsthi | wus lumampah upacara munggèng ngarsa ||
8. myang wadya lami wus tata | rahadèn [rahadè...]
--- [f. 95r] ---
[...n] sampun anitih | kuda bang pun abra măngga | arahab biludu[70] wilis | wadya saking asrami | gambira ing manahipun | radèn praptèng paglaran | jêngêr sagunging anangkil | padha lèngsèr kabèh saking palinggihan ||
9. kabèh mandhêg lir tinata | utawi Radèn Subêkti | Wirasastra myang Sujalma | samya anyawisi liring- | ira sang rajasiwi | mangkya kaparêng andulu | katiga atur sêmbah | dinuk ing sêsmita manis | wus pinarak sêdaya para punggawa ||
10. tan dangu jêng sri narendra | mêngkana pan lagya mijil | orêg sagung wadyabala | pangurakan dèn inêbi | sagung para bupati | andhadhok wadya sêdarum | wus lênggah sri narendra | ing bangsal mangu pêngrawit | asasmita wadya wus linggih sêdaya ||
11. nata lênggah ing dhampar mas | sinawud ngrêtna nêlahi | lêlèmèk babut sinulam | lir pendah Sang Wisnumurti | putra tan kêna têbih | lênggah ing kering sang prabu | ari rada kawuntat | sira Rahadèn Subêkti | Wirasastra Sujalma jajar sêntana ||
12. kyana patih munggèng ngarsa | jajar kang para bupati | mantri-mantri anèng wuntat | jêksa carik kanan kering | jêjêl kang wadya alit | dhayong[71] wancaksujinipun | kabèh sami mangrêpa | rêp tan ana kumêlisik | dan rahadyan pinapag sipta dèn nata ||
13. radèn tanggap ing sêsmita | mangrêpa sarya tur bêkti | sang nata alon ngandika | linggiha ing dhuwur kaki | ajajara lan mami | rahadèn [rahadè...]
--- [f. 95v] ---
[...n] ature nuhun | lênggana jajar rama | dadya jajar lan kang rayi | dyan katiga kasmaran sagunging mulat ||
14. mangkya kadi binusanan | kang panangkilan asari | kasênênan cahyanira | dyan putra katiga nangkil | ingkang minăngka sari- | ning praja rahadèn sêpuh | lawan radèn taruna | lan radèn putra ngasrami | kang minăngka prêdapa Radèn Sujalma ||
15. saya wênês kang paseban | surêm sagunging anangkil | kalangkung tustha sang nata | angandika sri bupati | lah ta anungsung mami | antuk-antukira nglangut | mangês ing liring wana | midêr ing nuswa rat bumi | mêngko radèn ingsun pan arsa wêruha ||
16. rahadyan atur prênata | nuhun-nuhun patik aji | paduka nata suhunan | patikbra atuwas anglih | kawula ingkang juti | alpèng budi dahat punggung | kadi-kadi antuka | cipta graita kang luwih | saking pada tan antuk atuwas lapa ||
17. patikbra ngidêri jagat | manjing wana munggyèng ardi | lumêbèng guwa siluman | miwah praja pan katapis | tan wontên anglangkungi | ing cipta kawan sêmu |[72] paduka yèn manggiha | kramèng nata sasat luwih | botên antuk ratu memba jêng paduka ||
18. ing tata titi myang jaya | miwah kapandhitan aji | botên wontên kang miriba | sakathahing pra narpati | nanging jêng sri bupati | saèstu nata piturun | sangking
--- [f. 96r] ---
swarga pinrênah- | akên ing jagat kinardi | surya căndra ing bumi sura kyèhing rat ||
19. dados patikbra kang bonggan | angulatana kang mirib | ing padu brama pan măngsa | manggiha ingkang ngèmpêri | mèsêm sri narapati | amiyarsakakên atur- | ira raja pinutra | angandika jroning galih | baya akèh tuk-antuke anglêlana ||
20. dadya patih tiningalan | rêkyana patih tur bêkti | singgih agunging kang indhak | myang sagung ingkang anangkil | padha muji ing ati | kabèh kapranan ing atur- | ira raja pinutra | angandika sri bupati | mring kang putra kaki sun dahat tarima ||
21. saking ing pamujinira | sira gungakên ing kami | rahadyan atur prênata | pukulun saèstuning ling | mangkya kapranan malih | pra mantri ngalêm ing kalbu | wagêde amrayoga | wêcana lawan patitis | astanane wasita prana pêsaja ||
22. mangkya sang nata ngandika | ingsun katiwasan kaki | rumêksèng nêgaranira | sira tinggal tan kuwawi | nora manggiha bêcik | ing sapungkurira nglangut | agawe satrunira | tur ratu gagah prajurit | limang praja ingkang dadi mungsuhira ||
23. purwane iku anglamar | ing arinira sun tampik | karane ingsun tan arsa | mêne sira tan suwawi | rahadyan atur bêkti | sampun ta pun yayi Galuh | pan seyosing sarira | nadyan nyawa patik [pati...]
--- [f. 96v] ---
[...k] aji | kapundhuta patikbra botên lênggana ||
24. dening sih paduka nata | nuhun-nuhun patik aji | iya ki radèn mêngkana | marmane tan têmah jurit | angrasa kasor mami | dening ta kakehan mungsuh | ingong karya upaya | arine panêngah kaki | sun kêkirim sun pacangkên arinira ||
25. nging Măndrabuwana wikan | kaki ing upaya mami | nora angladèni karsa | nging mêksa tansah sun kirim | wastra kêncana dadi | kacorah ya ta misuwur | kawarta ingkang tuwa | aran Săntabuwana Ji | bêndu maring adhi-adhine sêdaya ||
26. ya ta ngandêl ing sêtyanya | nanging maksih sun kêkirim | măngka kaplêtik ing warta | kakangane amasangi | ing marga duta sami | abali ewuh ing ênu | ya ta ngong cidrèng surat | muni pakiriming Aji | Wisantara sarta pakirim busana ||
27. mêngkana duta kapêgat | malayu caraka mami | tulis kari lan busana | katur maring Singasari | nuli dèn taha maning | dadi tan kandêl ing wuwus | nging Sang Măndrabuwana | tan ngandêl dêlasan mangkin | nora nana wong cilik saba-sinaba ||
28. mêngko arsa nglurugana | mring sira ratu kang kalih | Singasari Pringgabaya | dene ratu kang kêkalih | Sonyalaba Tumasik | dèn kon ajaga ing pungkur | jagani Ngwisantara | dadyendrabuwana mangkin | enak mênêng dening lagi nora molah ||
29. mêngko manêng[73] têlung praja | kaki mungsuhira [mung...]
--- [f. 97r] ---
[...suhira] nanging | kang rong praja aja weya | mungsuhira sura sêkti | gêgamane wus dadi | tate prang amunah satru | mêngko mêthèt wus kathah | kang rong praja patang kêthi | tosing sikêp pan winarêg danakrama ||
50. Asmaradana
1. mantêp siyasate ugi | sang nata kaki ulahnya | apa karsanira radèn | aja prasendhe maringwang | sun tog ing karsanira | rahadèn nêmbah umatur | singgih kawula tan kengang ||
2. anyiptaa anyanggupi | pan kawula kadi sarah | anging Sukma wisesa ngrèh | punika ingkang kuwasa | rèhning tiyang kinrana | antuk tantuk inggih magut | sakuwawi ngina sraya ||
3. anarah karsaning Widi | yèn mêngsah ngangkên kuwasa | wisesa sing piyambake | sakayunipun atămpa | nanging pangraos kula | dede saking pyambakipun | dede punika kang ngrisak ||
4. sintên angrisak narpati | yèn sawêg wontên sihing Ywang | punapa kuwat sang katong | yèn rinisak ing Pangeran | tan wontên kêdhik kathah | bilih rinêksèng Ywang Luhur | sartantuk martaning duta ||
5. punapa jrih patik aji | dede punika jinrihan | kang kinajrihan Ywang Manon | punika angkah kawula | bilih dipun kêrana | tan wontên ajrih pukulun | tan sangking karsa paduka ||
6. langkung suka sri bupati | miyarsa aturing putra | dadya ngandika sang katong | ing mêngko radèn ta
--- [f. 97v] ---
sira | gantyanana narendra | wus antuk pariksaningsun | lan ingsun radèn wus tuwa ||
7. pupus ngunduri kêlari | yèn suryaa wus gumiwang | ingsun pan arsa arèrèn | amung amadhêp ing lina | lamun tan ana karsa | sun nênêdha ing Ywang Agung | tulusanira narendra ||
8. rahadyan matur wotsari | nuhun kawula lênggana | dèrèng mangsanipun mangke | paduka asêsèrèna | dening ngajêngkên yuda | kawula pae lan prabu | sampun kapracayèng wadya ||
9. wadyabala ajrih asih | ing paduka jêng ramendra | pra mantri jrih asih yêktos | merang tilara ing karya | paduka bên ngalaga | ngling nata bênêr nak ingsun | lah mêngko ingsun atanya ||
10. paran karêpira kaki | ingsun ayun amiyarsa | nêmbah umatur rahadèn | yèn parêng karsa paduka | dêdamêl pinra sapta | acawis ing langlang dalu | pinrih sami prayitnaa ||
11. angandika sri bupati | iya bênêr karêpira | acawis rina wêngine | dene mêngko wadyanira | kaki sira tataa | sakêthi kèhe wong kidul | limang èwu sun wêtara ||
12. wong kang limang èwu kaki | amungsuha têlung lêksa | nora dèn adani radèn | dene wus sun gulang-gulang | sun adu lawan macan | dèn saut malês anaut [a...]
--- [f. 98r] ---
[...naut] | tan ana gingsiring karya ||
13. sun jajal têka sawiji | ngling radèn wastaning wadya | sun arani atusan wong | tanuastra pêpilihan | sèwu kang jagasura | sèwu manèh ran wong mandhung | sèwu maundara sasra ||
14. sèwu maning sun arani | atusan wong jayantaka | gênêp limang èwu kèhe | dene sikêp sing ayuda | iku sêpuluh warna | sadhapure nglimang atus | ingkang sakêthi kêjaba ||
15. bisane sun tika siji | ambêdhil ninggar amanah | angrangin lawan marise | angganjur kang sikêp tumbak | anulup sikêp pêdhang | sabêksane sikêp putus | tate aprang ing dharatan ||
16. aprang baita pratami | miwah prang luhuring kuda | saprayogane wus tate | salir gonira ayuda | tan ana amilih gyan | karan sun tate dêdimun | ing têmah ora kewuhan ||
17. iku ta sun sukma kaki | kabèh tan ana uninga | sabên wêngi pamarêke | sun umahakên ing desa | sun sungi pangan mêntah | kang matêng sun wèhkên dalu | kabêh ingsun aku sanak ||
18. nora sun wèhi angantih | kabèh anak rabinira | nênun myang lir gawening wong | sun simpên kaliwat-liwat | wong limang èwu uga | mêngko tatanên sakayun- | ira radèn pamukira ||
19. ingkang sun kon angawruhi | paman ta Sujanasêstra [Sujanasê...]
--- [f. 98v] ---
[...stra] | măngsa bodho sira radèn | rahadèn atur pranata | inggih sampun prayoga | kang paman dinuk ing dulu | andhêku Sunasêstra |[74]|
20. ngabêkti radèn nuhun sih | sri narendra angandika | kang rong lêksa iku radèn | sun bêbungah sandhang pangan | têkan anak rabinya | tan nyandhang mangan sawêgung | antuke dagang sêsawah ||
21. kang salêksa kang ngawruhi | Ywanjanasandi wakira | anadene salêksane | Dirgabau pamanira | ingsun wus tan uninga | măngsa bodho sira kulup | martikêlakên ing pringga ||
22. iku tatanên sakapti- | nira rahadèn tur sêmbah | kawula nuhun sang katong | kawula dutakkên wadya | sèwu mring Pringgabaya | Singasantun inggih sèwu | dhatêng Wisantara sasra ||
23. inggih kang kawula lami | raka paduka ngasrama | sêdaya timbul sayêktos | saanak semah binêkta | sumawitèng sang nata | kula kèn awas sakayun- | ipun tata titi nata ||
24. kajêng kawula narpati | kang kawula kèn anduta | bilih kang têlik kawêlèh | kuwawia angamuka | rêna sri naranata | kapambêngan nuli rawuh | kengkenanira Pragalba ||
25. lan dutanira Wiradi | dutane Sutali prapta | sami ingandhêg lampahe | alon ngaturi pratela | mring Dyan Prataliyuda | Dyan Prataliyuda [Pratali...]
--- [f. 99r] ---
[...yuda] matur | bisik ing Dyan Wirasastra ||
26. kadêngangan ing sang aji | radèn sira micara pa | dyan mangrêpa tur sêmbahe | abdi dalêm kang dinuta | punika aputusan | rajaputra ngandika rum | yayi sira timbalana ||
27. manêmbah Gusti Pratali | Yudapati gya lumampah | parêng ingandikan kabèh | katiga samya tur surat | sami wêwêr-wêwêran | sampun katampan katêlu | kang surat dhatêng rahadyan ||
28. radèn matur ing rama ji | punika dutaning wadya | kang dhatêng ing para katong | sami angaturi surat | suka sri naranata | lah wacanên suratipun | rahadèn amaca surat ||
29. kunêng bêbukaning tulis | pun uwa gusti tur surat | lawan sêmbah kawulanggèr | kawula tur wrin paduka | angutus mring pun uwa | sumawitèng para ratu | mangke sampun kapracaya ||
30. kèdhêp satur kulèng aji | langkung sang nata pracaya | kaping kalihipun anggèr | pun uwa atur uninga | mênggah mêngsah paduka | sampun rêmbag bubaripun | tanggal ping tri gènnya budhal ||
31. sampun tan pracaya gusti | rêmbagipun sri nalendra | ambanon rêbah karsane | punika atur kawula | sajawinipun surat | wontên ing ijêmanipun | rahadèn alon ngandika ||
32. lah padha matura aglis | sawêkase gustinira | kang duta manêmbah kabèh | utusanira [utusa...]
--- [f. 99v] ---
[...nira] Pragalba | aran pun Mirmagatya | inggih gusti Sang Aprabu | Pringgabaya ingkang rêmbag ||
33. arsa anjura ing latri | nanging maksih asawala | lan Natèng Singasantune | nging gusti dipun prayitna | mêngsah paduka kathah | dana lan siyasat agung | rahadyan alon atanya ||
34. pira kèhing kang bupati | umatur pun Mirmagatya | gangsal wêlas gusti anggèr | punika kang ngrèh nêgara | kang kinarya wêdana | Prabalingga prajanipun | langkung saking măndraguna ||
35. wasta Dipati Pêsagi | bupati salêbêt praja | kalih wêlas sadayane | nanging tinilar sêkawan | walu[75] kang prêdandanan | prasamya surèng pakewuh | rahadèn alon ngandika ||
36. paran gêgamane ugi | kang dèn adèkkên ing kana | singgih kawula angêre | salêksa ingkang sanambang | ingkang dados pangarsa | sanambang munggèng gêgulu | ing wurine tumbak sulam ||
37. kang wontên ing kanan kering | awêtara kawan nambang | punika ingkang akêre | karakêt lawan sang nata | ambêkta tamèng pêdhang | lêmbing pasikêpanipun | lawan waos cêcêndhêkan ||
38. prasamya akêre wêsi | kathahipun tigang nambang | jangkêp salêksa kang kêre | bupati jro wontên ngarsa | ingkang pangawat kiwa | para dipati gung-agung | punika atur kawula ||
39. tur sêmbah dutèng Sutali [Suta...]
--- [f. 100r] ---
[...li] | wasta pun Kartisampeka | inggih atur kawulanggèr | mêngsah paduka akathah | bupati kang ngrèh praja | walu anggèr kathahipun | bupati salêbêt praja ||
40. kalih kang têngga nêgari | nênêm kang tumut ayuda | punika samya tos-atos | gunggungipun kalih wêlas | sami tate ayuda | rahadèn ngandika arum | pira kèhe prajuritnya ||
41. Kartisampeka tur bêkti | pangeran mêngsah paduka | sakêthi tuwuk danane | jrih ing wadya ing siyasat- | ipun sri naranata | salêksa pangayunipun | angangge kêre sêdaya ||
42. pangawat kanan lan kering | punggawa sêla dipatya | sinalusuban wargane | angkahipun prit anêba | nanging suwalèng karsa | lan Bathara Singasantun | milane wande kang tata ||
43. duta Wisantarambêkti | pangeran mêngsah paduka | sakêthi tuwuk danane | jrih ing wadya ing siyasat- | ira sri naranata | salêksa pangayunipun | angangge kêre sêdaya ||
44. pun Endrajala ngabêkti | pangeran kathah dipatya | sami angrèh nêgarine | gusti apan kalih wêlas | kang kinarya wêdana | ing Trênggalèk prajanipun | pêparabipun dipatya ||
45. Dipati Cabolèk gusti | akras sudirèng alaga | dening salêbêt nagrine | kang bupati kalih wêlas | sami tate nrang pringga | pêpatihipun [pêpatih...]
--- [f. 100v] ---
[...ipun] atêguh | wasta pun Endrasuwarna ||
46. kalangkung jinrihan dasih | miwah kang para dipatya | salêksa pêpêthingane | sikêpe tate ayuda | têtêp tan asiyasat | atata pranitinipun | apêrang latri utama ||
47. ngandika rahadèn mantri | iku ta milu ngluruga | ature utusan kabèh | botên tumut pan tinaha | karanipun nêgara | kêkalih tan tumut-tumut | anjagi pun Wisantara ||
48. mênawi adarbe budi | punika kang sagah jaga | Natèng Sonyalaba kalèh | Natèng Tumasik kang tanggah | pun Endrajala nêmbah | inggih karanipun asru | tampine ratu sakawan ||
49. dening punika acawis | sangu gantungan sang nata | sadintên-dintên ambêndhe | angêngisik ing wadyanya | karsanipun sang nata | ajêng abela tumutur | yèn wontên asoring yuda ||
50. ratu punika sêtya sih | gènipun adarbe kadang | nanging sru ingatèn-atèn | nanging ta gusti paduka | sampun kirang prayitna | ratu punika yêktyayun | anglurugi ing paduka ||
51. rahadèn ngandika manis | aywa ta kurang prêcaya | wis padha muliha kabèh | i[76] kêncana nyêkatya |[77] sewang sira aturna | ing gustinira katêlu | iku arta maring sira ||
52. wis padha mintara aglis |
--- [f. 101r] ---
warahên wa dèn prayitna | lan aja dhimini gawe | dene ana têngran ingwang | bêndheningsun si jimat | yèn muni têngêran ingsun | aja têlangke ngamuka ||
53. têngran sun yèn durung muni | nadyan ramea kang yuda | aja kagèt aja gègèr | milua prang poma-poma | mênawa ta kacirnan | yèn andhiminana ngamuk | anging poma têngaraa ||
54. dening ingsun ora ganti | lan sira padha matura | marang gustinira kabèh | yèn ana guyuning rowang | dèn age lumayua | maring Wisantara gupuh | dèn kaya kaburu aprang ||
55. dèn araga wong angungsi | yêkti kandêl gustinira | dene wonge kakangane | yèn wis kalêbu ing kutha | nuli enggal ngamuka | kalamun sira angamuk | lan sarta ngobong-obonga ||
56. wis padha mangkata aglis | duta tri nêmbah wus mêsat | rahadèn matur ing katong | pukulun paduka nata | sampun tumut ayuda | paduka srah ing Ywang Agung | pracayaa ing satitah ||
57. iya kaki sadurunging | sapa maning goning pasrah | nanging kayangapa radèn | gon ingsun pisah lan sira | rahadèn tur prênata | punika karantênipun | paduka srah ing Ywang Sukma ||
58. dene agung trêsna aji | dados mungguh luhur tuwan | katingal pracaya katong [ka...]
--- [f. 101v] ---
[...tong] | dhatêng wisesaning jagat | dening tuwan pracaya | katingal sura pukulun | ling nata ya sakarsanta ||
59. nanging tatanên ta kaki | glarira sun arsa wikan | matur anêmbah rahadèn | pukulun anuhun duka | yèn suwawi patikbra | pun wa patih munggèng ngayun | kawula wontên ing kanan ||
60. bapa dêmang lawan malih | Paman Răngga sami kanan | dening man tumênggung gène | ing kiwa kalawan |[78] Amongyuda lan para | mantri-mantri kang sumambung | lan Man Dipati Urawan ||
61. sami atêpunga baris | Man Dipati Jagalaya | lan dèn emut ing jangjine | kadipundi wa apatya | ing karsa pêkênira | bilih tur manira lupun[79] | ling patih artatanira[80] ||
1 | Kurang satu suku kata: mring Sutali Pragalba. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: prasasat wani maringwang. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: lah kaki dhingin mandhêga. (kembali) |
4 | wong. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: lan sira amêngkua nêgara. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: aniksaa wadyanta sakèhing. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: dadya kèdhêp kang parentah. (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: tan gingsir ing wisesaning. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: adhuh nyawa putra mami. (kembali) |
10 | barkat. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: mugyantuka barkat aji. (kembali) |
12 | ngabêkti. (kembali) |
13 | sang (dan di tempat lain). (kembali) |
14 | liringing. (kembali) |
15 | tămpa. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: pêcahe tămpa ing lungid. (kembali) |
17 | jiwa. (kembali) |
18 | salaya. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: titiknya salaya sêndu. (kembali) |
20 | boyong (dan di tempat lain). (kembali) |
21 | jalwèstri. (kembali) |
22 | Kurang satu suku kata: ponang wadya jalwèstri ngambêngan sampun. (kembali) |
23 | Kurang satu suku kata: kang kinayuh pungkurane. (kembali) |
24 | bala. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: mring bala dika sêdaya. (kembali) |
26 | ngulatana. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: ngulatana wadya sêtya wignya muwus. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: tiyang tanggap ing sasmita. (kembali) |
29 | Lebih dua suku kata: lan kang mot tiyang salêksa. (kembali) |
30 | bisa. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: tutura pan ingsun wikan. (kembali) |
32 | kacêkêl. (kembali) |
33 | parangmuka. (kembali) |
34 | Kurang satu suku kata: datan pêgat amêmuning ingkang wadya. (kembali) |
35 | kang (dan di tempat lain). (kembali) |
36 | dodot (dan di tempat lain). (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: lan dhawuha kakang patih benjing. (kembali) |
38 | pagrogolane (dan di tempat lain). (kembali) |
39 | Kurang satu suku kata: kali si abramăngga janjan akuning. (kembali) |
40 | ingkang (dan di tempat lain). (kembali) |
41 | popor. (kembali) |
42 | bokong (dan di tempat lain). (kembali) |
43 | umaju. (kembali) |
44 | dimène. (kembali) |
45 | priksa. (kembali) |
46 | sinasotya. (kembali) |
47 | sinasotya. (kembali) |
48 | nitih. (kembali) |
49 | Kurang dua suku kata: mor lan Radèn Dirgabau agul-agul. (kembali) |
50 | Urawan. (kembali) |
51 | Kurang satu suku kata: Dyan Urawan sing kering matang kêtanggung. (kembali) |
52 | adene. (kembali) |
53 | kokot. (kembali) |
54 | ginorok (dan di tempat lain). (kembali) |
55 | Kurang satu suku kata: sakèhe buron alas. (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata: atêtayungan sami. (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata: wênèh nyandhak sangsam. (kembali) |
58 | nglorod. (kembali) |
59 | akaroron (dan di tempat lain). (kembali) |
60 | anêlosor. (kembali) |
61 | gusti. (kembali) |
62 | Kurang satu suku kata: kadi kêmbar lan rahadèn putri. (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata: mêngkana putra ing gunung. (kembali) |
64 | kirig-kirig. (kembali) |
65 | mothol. (kembali) |
66 | balowarti. (kembali) |
67 | Kurang satu suku kata: dupi myarsa sri nalendra langkung duka. (kembali) |
68 | supênuh. (kembali) |
69 | bokor. (kembali) |
70 | biludru. (kembali) |
71 | dhoyong. (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: ing cipta kalawan sêmu. (kembali) |
73 | mênêng. (kembali) |
74 | Kurang satu suku kata: andhêku Sujanasêstra. (kembali) |
75 | wolu (dan ditempat lain). (kembali) |
76 | iki. (kembali) |
77 | Kurang satu suku kata: iki kêncana nyêkatya. (kembali) |
78 | Kurang dua suku kata: ing kiwa kalawan Paman. (kembali) |
79 | luput. (kembali) |
80 | artatinira. (kembali) |