Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 51–71)
1. | Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 29–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 51–71). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 101v lanjutan] ---
51. Dhandhanggula
1. langkung suka jêng sri narapati | amiyarsa ature kang putra | muwah pra bupati kabèh | samya ngalêm ing kalbu | kautamanira dyan mantri | dan mêdal kang busana | sangking jro kêdhatun | sang nata adadar-dadar | wrata kabèh pra niyaka agêng alit | tan ana kaliwatan ||
2. lawan sinung bêras kêbo sapi | kyana patih kang kinèn anduma | wrata wong asrama kabèh | kawarnaa sang prabu | aluwaran dènnya tinangkil | sang natarsa ngêdhatyan | kandhêg sang aprabu [a...]
--- [f. 102r] ---
[...prabu] | ing srimênganti alênggah | Nyai Dêmang Sêmangko kang dèn dhawahi | timbalana ki putra ||
3. lan arine karo aja kari | myang Sujalma lan kakang apatya | lan kancane kang dhe-gêdhe | nyai dêmang wotsantun | sampun rampung pangandika ji | nyai dêmang wus kentar | sêdaya wus dhawuh | wus kerid ing nyai dêmang | sapraptane ing plataran ligih[1] sami | ingawe kèn majênga ||
4. sapraptane rahadèn wotsari | kinèn cêlak radèn apranata | wus minggah sêdaya Radèn | Subêkti jajaripun | Radèn Wirasêstra kapering | Sujalma rada kwuntat | kya patih ing ngayun | Tumênggung Mulyawêcana | Amongyuda lan Tumênggung Maospati | samya linggih mangrêpa ||
5. apan sampun pinaring tumuli | gantyan samya pranata sêdaya | êntyarsa mulat sang rajèng | ngandika sang aprabu | kaki radèn karan sirèki | katri sun undang lan kang | patih myang tumênggung | tutugêna aturira | kaki radèn mênèk ing jaba na uning | têlike satrunira ||
6. lan kalbuningsun durung mangrêti | lamun kaya mau aturira | amrih papan jêmbar radèn | yêkti tiwas ing pupuh | wadwabalanira akêdhik | mungsuhira akathah | yèn elinga iku | yêkti ebat wadwanira | iya kayapriye karsanira kaki | rahadèn atur sêmbah ||
7. punapa karsa paduka aji |
--- [f. 102v] ---
kawula nuhun dhatêng sandika | sri narendra andikane | ya kaki karsaningsun | arêbuta papan kang rêpit | wadyamu mrihna papan | anêmbah dyan matur | alêrês paduka nata | papan aut mrih krêksa wadwa narpati | mrih auting wêdana ||
8. nanging pangraos kula upami | jêng paduka amrih papan rupak | mêngsah dalêm sami tate | bilih punikandulu | dipun antêp kang ponang jurit | yèn tiwas wadya ngarsa | ing wingking kalulun | sêsimpênan tanpa karya | nata nêbda ya paran karsanta kaki | radèn atur prênata ||
9. yèn marêngi karsa paduka ji | suwawi wadya jinajar wayang | dêdamêl ginêlar dèn lèr | kawula kang angadu | kinathahan têngêran aji | kawula karya gêlar | yèn sampun acampuh | mantun têlik-tinêlikan | pan kawula mundur anitihi dasih | kang sinimpên ing wana ||
10. pun adhi kalih nganan angering | yayi Subêkti lan Sujalma |[2] anêngêna pêparane | yayi Wirasêstrèku | angèria ing paranèki | anjujuga ing wadya | pêpalihanipun | sikê[3] paduka bêthara | limang èwu punika kawula palih | wêwah malih sanambang ||
11. tigang atus wadya ing asrami | sapalihe dados tigang nambang | pan kalih bêlah punjule | punika kang dèn jujug | yayi kalih ngabên ing jurit | ing wadya pêpilihan | kawula sakayun |
--- [f. 103r] ---
amrih sakecaning lampah | sri nalendra dèrèng sakeca ing galih | wêkasan angandika ||
12. kaki radèn kaya pa sirèki | tan apanggah nindhihing[4] ing ngarsa | nêmbah umatur rahadèn | mila kawula mundur | yèn kabêrêg wadwa panumping | tan wontên dèn ungsia | atêmahan kuwur | wadyabala sêsimpênan | yèn tan wontên kawula ingkang nindhihi | tan sakeca ing lampah ||
13. karan patikbra wontên ing ngarsi | anindhihi têngêran narendra | kang dados gêgunungane | bilih punika wêruh | yèn kawula wontên ing ngarsi | pêsthi tan kauningan | gêlar sang aulun | yèn wikan datanpa karya | milanipun kawula akarya mantri | papat bagus taruna ||
14. pan punika ingkang anggêntosi | gèn kawula lan gène Sujalma | tuwin gène yayi kalèh | ing benjang praptèng ripuh | dipun sami prayitnèng wèsthi | aja sêlak suminggah | poma dipun kukuh | aja na age nêrajang | lamun dèrèng manira anêngarani | têka sami kèndêla ||
15. yèn wus akumpul wadya pangarsi | kang amburu tatane wus bubrah | kang kaburu sampun rèrèn | mungsuh sampun katungkul | ambêbadhang padha rêrangki | adus angguyang jaran | mangsane tinêmpuh | muni têngara ja adan | nêrajanga uwa anganan angering | nanging rada kawuntat ||
16. kang kaburu prajurite sami | abalia ngamuka sêdaya | lawan [la...]
--- [f. 103v] ---
[...wan] loke bala kabèh | aja na alok amuk | pêsthi dipun dugi yèn kêdhik | yèn amuk loking wadya | wa paman dèn emut | andhêku pratiwa kapat | pan sandika sakarsa paduka gusti | sêdaya ngalêmbana ||
17. tri pandurat sang nata tan angling | misêsêgên mirsa turing putra | rahadèn ngandika malèh | wa patih dipun emut | uwa paman tumênggung katri | katiga apranata | bêndhe têngran ingsun | yèn si jimat muni ngangkang | aja adan kinarya têngêraning sih | ing Ywang Kang Amisesa ||
18. sra[5] narendra tumurun sing kathal |[6] dan amêngkul janggane kang putra | adhuh putraningsun dhewe | iki kang sira têmu | anglêlana ngidêri bumi | mêngko ingsun prêcaya | ing sira sutèngsun | ala anari ing wadya | wus prêcaya barang sukêring nêgari | radyan nêmbah mangrêpa ||
19. kyana patih matur ing dyan mantri | dhuh gusti pun uwa katambêtan | dèrèng matah punggawane | ingkang têngga kadhatun | angandika sri narapati | ya kakang karsaningwang | kêrigên sêdarum | rahadèn alon aturnya | yèn marêngi ing karsa kajêng[7] rama ji | wadya pinara tiga ||
20. kalih duman kang tumut ngajurit | ka saduman kang têngga ing praja | sang nata lon andikane | paran karsanirèku | wadwa kêdhik sira urudi | mungsuhira akathah | tur surèng pakewuh | manêmbah raja pinutra | milanipun kawula matah bupati | kuwawi nadhahana [nadhah...]
--- [f. 104r] ---
[...ana] ||
21. bilih wontên punika upami | sawêg eca amba jêng-ajêngan | mêngsah wrin suwêng prajane | binakong[8] sangking pungkur | wadyabala kuwur awingwrin | tanbuh kang pinlaura | wadya bingang-bingung | anjêngêr sri naranata | bênêr têmên kridhanira iku kaki | lah wis sira prentaha ||
22. angandika alon radèn mantri | yèn parêng karsa dalêm wa patya | mungguh pikir kula dhewe | kêkalih lêbêtipun | Paman Răngga lan Purbatiti | têtindhih prajuritnya | ingkang sapratêlu | Wa Ywanjanasandi ingkang | wong wus tuwa bubuhane tunggu puri | rêrêmpon jroning pura ||
23. Man Dêmang Mongpraja têngên jawi | ingkang kiwa kang Răngga Sutikna | sang nata lon andikane | ya kaki sun apêthuk | parentahna kakang apatih | kya patya tur sandika | rahadèn umatur | maosan kantun sêdaya | amung kandhuruhan kula bêkta jurit | manggut sri naranata ||
24. sigra mundhut kang tadhahan mijil | sri nalendra adhahar kêmbulan | lan ingkang putra katrine | Sujalma pănca kêmbul | sampun tutug gèning abukti | sa nata gya luwaran | ngêdhaton sang prabu | datan kawarna laminya | wus mèh prapta ing sêmayanirèng nguni | wus tanggal kang jinăngka ||
--- [f. 104v] ---
52. Pangkur
1. nêngna ing Sonyawibawa | kawarnaa nagri ing Pringgawèsthi | Sang Nata Surèngpakewuh | Maharaja Dursănta | pan pêndhadha sang nata kuning umancur | gêgodhèg asimbar jaja | tuhu yèn ratu sinêkti ||
2. mangkya lagyarsa sinewa | Kyana Patih Suwănda lagya nangkil | pêpêk sêdaya wadya gung | Dipati Tirtanata | ing Sidayu punika nêgarinipun | ingkang kinarya wêdana | bupati măncanêgari ||
3. Ki Tumênggung Sokabilwa | lan Ki Arya Măndraagra [Mă...]
--- [f. 105r] ---
[...ndraagra] Dipati | Dêmang Wilmuka duk rawuh | lan Răngga Sigramaya | kang nisihi ing têngêne Ki Tumênggung | Pêksisingan lan Ki Arya | Agrayuda kang nambungi ||
4. myang Ki Dêmang Jagalatan | Kyai Răngga Durmuka asihi |[9] samya prawira tos timbul | bupati măncanagra | Ki Dipati Rajêgwêsi lagya rawuh | lan Dipati Kartasana | Kêpadhangan Wirasari ||
5. Ki Dipati ing Limbangan | lan Dipati ing Balora anangkil | jêjêng[10] paseban supênuh | sang nata lagya mêdal | upacara munggèng ngarsa abra murub | orêg wadya kang sewaka | wus lênggah sri narapati ||
6. angapit ing kering kanan | gulang-gulang jajar lan dorapati | mêranggo kang sikêp busur | bêstrong wong pêrangtandang | jagabela pêdhang usar sikêpipun | kulambi kêre gênderan | ing wingking waos jininggring ||
7. ngandika sri naranata | hèh apatih sira apa miyarsi | ingkang karsa kakang prabu | kya patih tur sêmbah |[11] wingi enjing duta amba gusti rawuh | ingkang karsa sri nalendra | bubaripun tanggal ping tri ||
8. manggut sang nata ngandika | hèh apatih undhanga wadya mami | dipati mantri tumênggung | yèn lêleda ing karya | ingsun karya tontonan nèng alun-alun | kang wadya matur sandika | kasaru gègèr ing jawi ||
9. nêmbah Dêmang Jagalatan | sampun mêdal swara sarwi atuding | wong Pringgabaya sêdarum | apa [a...]
--- [f. 105v] ---
[...pa] kang karya gita | inggih wontên ki dêmang duta kang rawuh | utusanira sang nata | Dewaji ing Singasari ||
10. matur Dêmang Jagalatan | pan kawula gusti atu[12] udani | wontên duta raka Prabu | Dewaja[13] Singasêkar | kang dèn utus pun Purbanagra Tumênggung | lah timbalana dèn enggal | nêmbah ki dêmang nimbali ||
11. wus kerid duta nalendra | ki tumênggung garjita jroning ati | wus samêkta yèn sun dulu | praptèng ngarsa prênata | ingkang salam raka paduka sang prabu | kang pangandika rakanta | Purbanêgara sun tuding ||
12. maringa ing Pringgabaya | sira timbalana yayi samyaji | kèringa ing salakumu | praptaa dèn aenggal | yèn ing mêngko ing Sonyawibawa pan wus | sadhiya arsa anglanggar | kagyat sang sri narapati ||
13. hèh apatih têngaraa | wadya kang pangarsa budhalna nuli | nuli konên tata laku | saiki bubar ingwang | kyana patih sandika ing aturipun | sang nata kondur adandan | kya patih akèn têngari ||
14. gurnada muni ping tiga | pan angangkang bêndhe munya tinitir | gègèring bala gumuruh | pan samya salang tunjang | Ki Tumênggung Purbanêgara pan sampun | budhal anèng ngarsa pisan | bupati măncanêgari ||
15. Adipati ing Balora | nitih kuda sawadyanira [sawadya...]
--- [f. 106r] ---
[...nira] ngiring | wong sèwu prayitnèng kewuh | nundhul Arya Limbangan | kalih bêlah èwu wadyane trah timbul | Padhangan lan Wirasaba | nundhul Arya Wirasari ||
16. Ngrajêgwêsi gya lumampah | sawadyane samya prayitnèng wèsthi | tindhih Dipatyèng Sidayu | Tumênggung Tirtanata | gangsal èwu wadyanira sami putus | sang nata wus nitih liman | kalihan lan pramèswari ||
17. putra-putri tan kêna sah | sêlir manggung bêdhaya munggèng joli | êmban inya pan tinandhu | cèthi grêbong panggritan | Kyana Patih Suwănda matur ing prabu | dhuh gusti jêng sri nalendra | saking kiranganing dasih ||
18. pun patik dèrèng amatah | kang punggawa kang badhe têngga puri | angandika sang aprabu | Si Arya Agrayuda | lan Si Dêmang Jabarênon konên kantun | lan sira duwe wong anyar | kang saking ing Cikumpai ||
19. sira taria apatya | iku pan wong durung olèh sih mami | kinèn nimbali pan sampun | prapta ing ngabyantara | kyana patih alon dènira amuwus | hèh Sutali pêkênira | karsane kangjêng dewaji ||
20. kinèn kari tunggu pura | dening pêkênira wong lagi prapti | kèh kasusahaning kalbu | kinawruhan sang nata | dahat
--- [f. 106v] ---
amlasakên pêkênira lamun | andhèrèka andon aprang | durung wruh rasaning warih ||
21. kang bêning ing Pringgabaya | pan durung wruh rasaning mênir siji | kang mijil sih sang aprabu | gabah manèh yèn wruha | dados pêkênira pinaringan maklum | ing kangjêng sri naranata | sarta kapatêdhan kardi ||
22. ambaurêksa nêgara | lan pêkolèh ngrêrêmakên nak rabi | atanapi manahipun | sabrayat pêkênira | angsal aso rèhni[14] samya ngungsi aub | tan kabrangas ing pakaryan | wus bêgjanta Ki Sutali ||
23. lagi tumèmpèl ing nata | anujoni kangjêng sri narapati | amanggih pakaryan agung | nrimaa pira-pira | pirabara dina kari jêng sang prabu | muktèkakên pêkênira | lah sampun wangsula sami ||
24. lan sawăngsa pêkênira | Ki Sutali matur ing sri bupati | pêjah gêsang amba katur | lêhêng pinêjahana | yèn kandêl kang abdi lagya nyar rawuh |[15] pun patik anyipta bêgja | andêdasih manggih kardi ||
25. apan ta inggih punika | kang kawula kajêngakên angabdi | tan supêna jroning turu | anjujug mrih sêkeca | yèn kadhahar atur kawula pukulun | prasêtya amba konjuka | dadosa trênggulang jurit ||
26. rêmêk paduka bandhêmna | bilih abdi dalêm sampun ngêmasi | wontên ngrana basah ajur |
--- [f. 107r] ---
kang sirah pinuguta | karya mimis rambut minăngka nalipun | gêtih daging măngka obat | binêdhilna mêngsah aji ||
27. kang pupu kalih punika | kinaryaa mupuh pêpukul jurit | binrêngkolangna ing musuh | tuwin bau kalihnya | kinaryaa gêgaman mamuk ing ripuh | sabêtna ing mêngsah nata | jroning lina mêksih wani ||
28. suka sri gumujêng latah | angandika nata mring kyana patih | nya yèn mantêp asaguh |[16] hèh patih prentah ingwang | Si Sutali lumakuwèng buriningsun | ingsun parentah priyăngga | kya patih asaur bêkti ||
29. lah patih sira budhalna | sigra mangkat wadya guruh atri |[17] Jagalatan kang panganjur | gangsal atus wadyanya | nulya Kyai Răngga Durmuka sumambung | kang wadya surak samarga | kya tumênggung anindhihi ||
30. Kyana Apatih Suwănda | saha wadya kawan èwu ngajrihi | gya upacara sang prabu | kang sumundhul ing wuntat | kang prajurit nganan ngering urung-urung | Sutali nèng wingking nata | sawadya pratamèng wèsthi ||
31. Ki Tumênggung Lokabilwa | lan sirarya Lokagra Agrapati | sawadya kang anèng pungkur | tan kawarna ing marga | sampun dungkap têlatah ing Singasantun | Tumênggung Purbanêgara | wus kinèn laju tur pêksi ||
--- [f. 107v] ---
53. Dhandhanggula
1. nêngna Sri Pringgabaya mring Singasari |[18] kawarnaa Kangjêng Sri Narendra | Sonyawibawa sêmake[19] | maksih sru kumayun |[20] maring putra kang wuryan prapti | sangking arga Pamriyan | apan dèrèng surud | malah saya tambah-tambah | suka nata uning kondhakaning siwi | mangkya jêng sri narendra ||
2. duk miyos kalangênan sarimpi | wus pinarak ing dhêdhampar rêtna | marbuk si sari babute | upacara supênuh | anèng kanan waos sang aji |
--- [f. 108r] ---
manggung lawan bêdhaya | kang munggèng ing ngayun | gamêlan munya araras | srimênganti tan kêna priya umanjing | sang nata angandika ||
3. wis mundura lèhira nyarimpi | samya mundur wusing apranata | sarta suwuk gamêlane | Sêmangko dinuk dulu | nyai dêmang sigra ngabêkti | tangginas dènnya kentar | ing mandhungan cundhuk | gusti kawula dinuta | dening rama paduka sri narapati | paduka ingandikan ||
4. sarta rayi paduka kêkalih | myang Sujalma samya tur sandika | wus mangkat sêkawan radèn | prapta amundhuk-mundhuk | wus pinarak ngandhap taritis | ingawe de sang nata | ing kene putrèngsun | aywa têbah lawan ingwang | nêmbah lampah bakong lir mêrak kasimpir | sakawan apranata ||
5. ingkang mulat kabèh lênglêng brangti | wus alênggah kapat rajaputra | Dyan Subêkti prak sandhinge | lir Kamajaya Wisnu | Radèn Wirasastra nambungi | lir Bathara Marmata | Sujalma nèng pungkur | lir pendah Sang Ywang Kuwera | bagus-bagus ya ta jêng sri narapati | kang manah cili arga ||
6. ngandika malih jêng sri bupati | Sêcanama sira timbalana | kakang patih sakancane | punggawa kang gung-agung | aja ana anggawa mantri | rampung timbalan nata | nêmbah kang ingutus | lèngsèr saking byantarendra | wus cumundhuk kalawan rêkyana patih | jêngandika ngandikan ||
7. sakănca [sakă...]
--- [f. 108v] ---
[...nca] ijêngandika sami | kang gêng-agêng tan kalilan bêkta | inggih ing para mantrine | tanapi rencangipun | wus dhinawuhakên wêradin | kerid Nyi Sêcanama | atarap alungguh | nèng madyaning palataran | asasmita wau kangjêng sri bupati | samya majêng manêmbah ||
8. dan muni gêndhing pun Rarasati | pan aimbal gêndhing sing asrama | pun Pranati ing wastane | swaranira anglangun | yèn pinirsa angrêmêk ati | kyana patih mangrêpa | nèng ngarsa sang prabu | jajar Tumênggung Mongyuda | Maospati tuwin Urawan Dipati | lawan Arya Tampolas ||
9. Kyai Răngga Sutikna nambungi | jajar lawan Dêmang Mongwangsita | sêntana nambung linggihe | Dyan Sujanasêstrèku | myang Rahadèn Ywanjanasandi | anuli sandhingira | Radèn Dirgabau | sumundhul sêntana ngarga | Dyan Pratali Yudapati myang Nirwèsthi | Nirpringga lan Prabala ||
10. ing kiwanira kyana apatih | Kyai Tumênggung Mulyawêcana | Dipati Jagalayane | Purbatiti sumambung | lan Panatasingron Ki Ranggi | myang Dêmang Amongpraja | Răngga Wijayèku | Nitipraja Sandisastra | carik jêksa pêcattăndha ăndhamoi | Kêndhruhan Wilatikta ||
11. gandhèk Wiryaduta nglêladèni | wus pinaring kacu aprênata | rêp datan ana swarane | angandika sang prabu | kaki radèn kapan sirèki | bubar saking nêgara | amapag ing mungsuh | radèn matur nuhun karsa | angandika [ang...]
--- [f. 109r] ---
[...andika] sang nata yèn karsa mami | radèn sira bubara ||
12. tanggal ping lima iku abêcik | abarisa anèng paninggahan | ngarêpna bêngawan gêdhe | ing kono goning campuh | lawan mungsuhira abêcik | angarêpna bêngawan | prangira akukuh | radèn matur nuhun duka | lêng kawula amingkingêna bênawi | yèn ngajêngna bêngawan ||
13. dados sukane mêngsah nêrpati | mêngsah agung asugih sênjata | amapankên mariyême | wadyabala pukulun | bêdhil kêdhik dèrèng pratami | ingkang nyêpêng sênjata | mila amba nuwun | lêhêng mingkingna bêngawan | pan pêkantuk dening abdi dalêm sami | ambêk praya palastra ||
14. ingkang purun kang ajrih kaèksi | kalih bilih jalêring ayuda | enggal ngawuskên mêngsahe | lah kadipundi ngriku | wa patih myang kănca bupati | sami dika matura | yèn kawula luput | matur bupati sêdaya | pan kawula andhèrèk karsa jêng gusti | tan wontên winancenan ||
15. angandika jêng sri narapati | ya sun iring kaki karsanira | lan ta wêkas ingsun radèn | dèn prayitnèng pakewuh | tingkahira amangun jurit | kaki wêkasing wong prang | yèn prapta ing ripuh | luput pisan kêna pisan | lamun tiwas tatanira ingkang dhimin | pêsthi katêtiwasan ||
16. lamun bubrah tatane kang baris | măngsa sira kuwasa ngêjuma | sasêktènira ki radèn | kaya tan kuwasanjum | poma-poma ta kaki mantri | wirangira
--- [f. 109v] ---
sapisan | dèn wani kasêlut | dèn wani takêr ludira | hèh sakèhe bupatiningsun dèn myarsi | ing pangandikaningwang ||
17. sapa ingkang amatèni mantri | jumênênga mantri lan sun ganjar | wong wadon sarta dunyane | kang matèni tumênggung | jumênênga tumênggung benjing | lah padha undhangêna | kabèh wadyaningsun | pra pratiwa matur nêmbah | sru nuhun sih kawula botên kuwawi | nampèni sih paduka ||
18. punapa kawangsulan ing dasih | pan langkung gung sih paduka nata | inggih mung pêjah wangsule | wadwabala sang prabu | kawênahên têkèng nak rabi | saking dana sang nata | dhumatêng pêpikul | punapa winalêsêna | ing sih nata yèn liyaning lara pati | pan botên kasêrêpan ||
19. pra dipati sami saur pêksi | tur prasêca dhumatêng sang nata | lyan andhatêngkên ature | sêdya kawula besuk | anaur ing sih paduka ji | suka pêjah ing rana | kalal pêjahipun | abdi paduka sêdaya | sri narendra myarsa aturing pati |[21] ngling iya sun tarima ||
20. kabèh prasêcanira ing kami | sun têtêdha padha salamêta | lan tinêtêpna imane | dening Ywang Mahaluhur | lan antuka safangat nabi | miwah sakhabat papat | muliha rahayu | tulusa tunggu ki putra | pra bupati sêdaya sah atur bêkti | sumungkêm ing pratala ||
21. pêpundhutan saking pura mijil | rêrampadan muwah kang dhêdharan | pan kadi gunung kathahe | wus ginênah sêdarum | dan lumadi saosan aji | kang nămpa sami kênya | kabèh ayu-ayu | sami samir wali pita | sri narendra adhahar kêmbulan [kêmbu...]
--- [f. 110r] ---
[...lan] sawi | gêndhing kinanthi munya ||
54. Kinanthi
1. gamêlan muni abarung | sulinge agalik-galik | tinuntunan ing badhaya | swarane andudut ati | egaring manah sumringah | madêg suraning wigati ||
2. mêkar sêkar widasantun | mêlathi gandanya amrik | gambir mênur lan kênanga | cêpaka miwah srigadhing | hèrgulo rêtu hèrmawar | kêmuning lan nagasari ||
3. wisan dhahar sang aprabu | carikan pinangan cèthi | wus kèn ngundur Wiryaduta | larodaning[22] pra bupati | wus pinaring sewang-sewang | mring rencange pra bupati ||
4. angandika rajasunu | kawula arsa udani | uwa patih wadyanira | miwah kang para bupati | ingkang badhe sêsimpênan | patih andhêku nauri ||
5. dhuh gusti dasih pukulun | gangsal èwu kula dugi | sèwu ingkang bela pêjah | sami wăngsa kula gusti | radèn alon angandika | sêdaya matura sami ||
6. Ki Amongyuda umatur | inggih kula kintên gusti | tri èwu abdi paduka | kang tumut sêbaya pati | pitung atus kang prayoga | Maospati atur bêkti ||
7. tri èwu abdi pukulun | kang yogya tumut ngêmasi | wolung atus kadang warga | Dyan Urawan atur bêkti | dhuh gusti abdi paduka | kalih èwu kula dugi ||
8. sèwu ingkang sarêng lampus | Arya Tampolas tur bêkti | gusti di dalêm dwi sasra | pancatus kang sarêng lalis | Mongwangsita aturira | sèwu kathahe kang dasih ||
9. pancatus kang parêng lampus | Mulyawêcana ngabêkti | inggih gusti abdi pada |
--- [f. 110v] ---
tri èwu gunggunging dasih | ingkang tumut sarêng pêjah | pitung atus kula dugi ||
10. Jagalaya nêmbah matur | kalih èwu dasih gusti | sèwu kang tumut palastra | Roga[23] Wijaya ngabêkti | mung sèwu abdi paduka | sêptatus kang sarêng mati ||
11. rajaputra ngandika rum | uwa parentah rama ji | sagung wadwa sêsêliran | sampun milu bubar enjing | sontên sami anusula | lan kula wèhi pangirid ||
12. Kêndhuruan têngênipun | Wiryaduta ingkang kering | sêdaya matur sandika | sang nata ngandikèng patih | lah ta Kakang Jayasănta | baya wus karsaning Widi ||
13. nakirèng karyèstu punjul | ring budi kridaning jurit | ki apatih tur prênata | pukulun gawok kang dasih | radèn andhêku prênata | kanugrahan jêng rama ji ||
14. darmamba sagêd lumaku | muna-muni sing rama ji | sri kapranan myang gung sewa | nata nêbda hèh kang patih | lan kabèh sun minta karya | wisan pan ingsun lir gundhik ||
15. yèn tiwas tanpa karyèngsun | kang surasti sira sami | mis bacin dhêdhak mrang praja | sun ngêpèk ngadêg wak mami | yèn tan sirangkat tan bisa | nangis matur pra bupati ||
16. myang patih nungkêmi lêbu | dhuh sang wèh yuswa sing alit | mangkya kinarya wrangkanta | sinrahan mêngsah mring urip | paran ngangkên makhlukullah | Mulyawêcana tur anjrit ||
17. dhuh susunan dasihipun | dadosa tumbal nêgari | yèn tan bangkat karya jura | lir kisma wor danu tiwi | Mongyuda niba ngudrasa | dhuh Mongyuda saemu rip ||
18. ngrasaa kawratan mungsuh | Ki Maospati mucicil | wuwuha ratu sayuta | tan nyipta kawratan tandhing | Ki Urawan malang kadhak [kadha...]
--- [f. 111r] ---
[...k] | benjing yèn amba wus lalis ||
19. dèn kêthoka sirah ingsun | karyanên mimising bêdhil | sinênjatakna ing mêngsah | jroning pati maksih wani | aja salah tibaningwang | kêpengin nucup mata ji ||
20. paran baya rasanipun | mata Ratu Singasari | Jagalaya datan adan | anangis ing pada aji | adhuh gusti patènana | Jagalaya tanpa kardi ||
21. tan antara kumarubut | anguswa padaning aji | pan sarwi lara karuna | krise padha dèn buwangi | pawèstri bubar sêdaya | radèn mantri angimuri ||
22. kumêmbêng nata nêbda rum | lah wis tarima sun sangking | sêca tuhuning bupatya | winalêsa ing Ywang Widi | ayuwèng dunya ngakhirat | wus tata sami alinggih ||
23. dan mêdal saking kêdhatun | busana lan bauwarni | kampuh sabuk lan cêlana | gêlang jamang anting-anting | wus dinum kabèh wêrata | sêdaya sami ngabêkti ||
24. wus bubar jêngkar sang prabu | rahadyan wus padha mulih | bupati mulih sêdaya | tan winarna sirèng lami | mangkya wus tanggal ping tiga | kang wadwa wus dandan sami ||
25. ana ingkang anênutu | akarya obat lan mimis | ana ingkang karya krêga | ana karya watang lêmbing | ana dondomi saruwal | wênèh dondomi kulambi ||
26. ana karya umbul-umbul | ana adandan jêmparing | bandera myang kăndha-kăndha | lêlayu waos jininggring | sikêp adandan rêmbatan- | ing sangu darma mikuli ||
--- [f. 111v] ---
55. Durma
1. dan warnanên nêgara ing Wisantara | nging natasmu prihatin | sinamun ing suka | datansah andrawina | dadya manggung murang-muring | bêndhe yèn siyang | pinrih graitèng ati ||
2. ri sêdhêngnya sang nata arsa sinewa | ya ta wus busana sri | sarira nêmbaga | godhège lagi gatra | pasuryanira smu andik | gathul yèn nêbda | tuhu akras kang budi ||
3. panasbaran sira sang sri naranata | ragok-ragok ainggil | netra lir mutyara | tinêpi brêngosira | tuhu yèn ratu sinêkti | kèringan ing
--- [f. 112r] ---
rat | lingên kang samya nangkil ||
4. Kyana Patih Măndrasuwarna prawira | tuhu lamun sinêkti | wasis amicara | tate anêrang pringga | nulya prapta Sang Dipati | Trênggalèk nama | Sang Cêbolèk sinêkti ||
5. tate bêdhah kutha ambayong biyada | tate susur jêmparing | kujamas sêndawa | borèh mimis kêncana | cêcak-cêcak pasopati | tate anăngga | mimis sajêruk lêgi ||
6. lagi seba Ki Tumênggung Gajahsinga | bêbruwok jêmbut ati | ăngga lir gupala | netra pindha dahana | yèn andulu wong lir sêngit | tate amamah | gudebag bolang-baling ||
7. Ka[24] Arya Wulung Wilandaka prawira | Ki Răngga Kunangpasir | Dêmang Dadaksara | bupati jro gya seba | Sawunggaling lan Dipati | Andayaningrat | lan Dêmang Potha-pathi ||
8. Răngga Dhandhangwêcana lagi aseba | miwah para bupati | ing măncanêgara | pan wus nangkil sêdaya | pêpak wadya agêng alit | Dipati Kincang | lagi prapta anangkil ||
9. Adipati ing Curi lan ing Cancangan | Baturana Dipati | Lasêm lan Pranggunan | myang Dipati Lumajang | ing Balambangan Dipati | myang Tandhês seba | lan Dipati ing Grêsik ||
10. orêg kabèh para punggawa kang seba | mangkya sang nata mijil | lênggah patarana | tarap kang upacara | prajurit bra anjajari | ing kanan kiwa | tumbak ponthang abaris ||
11. Trunalanang asisih lan Trunajaya | sikêp sênjata [sê...]
--- [f. 112v] ---
[...njata] karbin | tawok Trunarangah | ganjur asikêp pêdhang | aran wong andarpêpati | kêre gênderan | tatane wruh ing gati ||
12. wisamarta kalawan wisapracăndha | tulup pasêr jêmparing | pêdhang tamèng ngarsa | sang nata angandika | apa ta sira miyarsi | paran ing karsa | matur rêkyana patih ||
13. mirsa kula dewaji raka paduka | kang karsa mangkat nuli | rakanta ing Pringga- | baya kang tinimbalan | ing Dewaji Singasari | arsa anjura | ing Sunyawirya nagri ||
14. sampun budhal sangking nagri Pringgabaya | dhatêng ing Singasari | kang karsa rakanta | mangkat tanggal ping tiga | manggut sang sri narapati | sira tutugna | Sunyawirya kang warti ||
15. lon umatur Apatih Endrasuwarna | samirsa kula gusti | mangke minta sraya | rare sangking ing arga | kumêjut sri narapati | sapa arannya | si gunung ingkang prapti ||
16. mirsa kula gusti Radèn Wirasêstra | agêng manah sang aji | mangke yun anglanggar | mila raka paduka | bêndune yayah sinipi | kêjuting nala | kêsaru pyak ing jawi ||
17. Kunangpasir lèngsèr saking ngabyantara | atanya mring wadwa lit | hèh wong Wisantara | paran kang karya gita | turnya wontên duta prapti | sing Sonyalaba | lawan sangking Tumasik ||
18. kyai dêmang tanya sapa kang dinuta | mirsa kawula kyai | Padmawicara lan | Răngga Sêcarudita | kyai dêmang nuli bali | matur anêmbah | gusti kula tur uning ||
19. mangkin wontên dutanipun ri paduka | Sonyalaba [So...]
--- [f. 113r] ---
[...nyalaba] Tumasik | dening kang dinuta | pun Padmawicara lan | pun Sêcarudita Ranggi | lah timbalana | mêsat Ki Kunangpasir ||
20. sampun kerid duta kalih atur sêmbah | kawula ngutus gusti | ing rayi paduka | Tumasik Sonyalaba | rumiyin kang pangabêkti | rayi paduka | ping kalih tur udani ||
21. yèn ing mangke raka paduka sang nata | arsa nindaki jurit | ngrurah Sonyawirya | kalih raka paduka | Dewaji ing Pringgawèsthi | dening rayinta | kalih kinèn jagani ||
22. ing paduka mênawi adarbe karsa | amba dinuta gusti | rayi jêng paduka | sumêlang ingkang driya | kang pamirsa rinta gusti | mêngsah mèt sraya | satriyèng arga sêkti ||
23. milanipun rayi paduka sumăngga | ing karsa paduka ji | nuwun wulang nata | watir sajroning nala | tri pandurat tan kêna ngling | wigugên ing tyas | wêkasan ngandika ris ||
24. hèh Apatih Endrasuwarna ta sira | kayaparan ing pikir | patih apranata | langkung èwêd patikbra | dèrèng wontên kang kêpanggih | lah kang Dipatya | Cêbolèk paran budi ||
25. Adipati Trênggalèk atur prênata | atur amba dewaji | yèn mênggah sudara | toya pinrang paminya | mrih murti kalingan lungid | panggah giyagah | kang yêkti dèn lalisi ||
26. ingkang botên-botên ingkang dipun jangkah | kang yêkti dèn lalisi | kelangan kalongan | punika tur kawula | yèn mênggah tiyang ajurit | yèn sampun lêpat | angèl gèn amrih pulih ||
27. Sang Wiradi
--- [f. 113v] ---
kumêpyur wardayanira | byat gustiningsun pami | pêpak ratu lima | bangêt karoban lawan | gènnya sowan wuri patih | kang lagi magang | bêbisik mring apatih ||
28. kadêngangan dènira sri naranata | ngandika sri bupati | apa winicara | patih matur prênata | abdi dalêm magang gusti | atur prayoga | ngandika sri bupati ||
29. lah majua hèh magang sira matura | majêng sira Wiradi | saha aprênata | kang kapanggih kawula | kang mungêl srat nadyan ugi | kabèh kêbranang | yèn tan pantês lan budi ||
30. wahyanipun gusti ingkang măngsakala | èwêd tindak sang aji | sang nata ngandika | lah sira têgêsana | matur sira Sang Wiradi | paduka nistha | dene tan dèn timbali ||
31. pêsthi keron kang karsa raka paduka | tansah dipun sigèni | margi yèn tiwasa | dinalih sing paduka | yèn nimpaha ing ajurit | sintên narima | wus rosa dèn bantoni ||
32. bah pintên ing Sunyawibawa upama | tiwasa ing ajurit | ing pangraos amba | yèn antuk pangandika | kawula kang ananggupi | yèn ingabêna | bah pintên rare wukir ||
33. ingabêna gusti lir angabên sata | sinuraka sing wuri | rêmak dèn bandhêmna | rêmak dipun bandhêmna | yèn abdi tiwas ing kardi | dipun dhèndhènga | dalasan anak rabi ||
34. nata suka sru ngandika magangira | ingsun pundhut apatih | ki patih sumăngga | nata malih ngandika | lah paran karêpmu patih | patih sumăngga | ing karsa paduka ji ||
35. Adipati Cabolèk asêmu duka | pun Cêbolèk pribadi |
--- [f. 114r] ---
sagah ngobrak-brika | nagri Sonyawibawa | eman-eman sri bupati | karya wêdana | ing Cêbolèk Dipati ||
36. yèn kalaha lawan wong Sonyawibawa | ngur matia duk lair | jisim dèn pakakna | ngasu ajag kewala | angandika sri bupati | ingsun tarima | prasêtyamu ing kami ||
37. hèh ta duta wis enggal sira muliha | maturèng ri samya ji | dhimin salam ingwang | aturnèng gustinira | tanpa karsa sun saiki | wong wis ah ala | ing têmah angregoni ||
38. dene mêngko ingsun wus tinarka ala | baya wus karsèng Widi | kakang kênèng saya | ingsun nonton kewala | anging padha ngati-ati | sêmăngsa-măngsa | yèn ana duta mami ||
39. atur sêmbah Tumênggung Pêdmawicara | rampung timbalan aji | poma dèn ngatyatya | wis ta enggal muliha | lèngsèr dipati kalih |[25] Sêcarudita | tan kawarna ing margi ||
40. kawarna ta wus aluwaran |[26] sagung para bopati | samya makajangan | ngalun-alun kèbêkan | dening wong atata baris | abra asinang | panganggèning prajurit ||
41. lindhu awor grahana surya lan wulan | lintang mukus yèn wêngi | udan salah măngsa | pracina praja rêka | wingwrin manahing kang jalmi | sinamur saka | nayub mêmanis dasih ||
--- [f. 114v] ---
56. Dhandhanggula
1. nêngna Sri Wisantara kawarni | Sri Narendra ing Sonyawibawa | duk pinarak lan garwane | cèthi bêdhaya manggung | sêlir ingkang samya ngladèni | tanapi pêpingitan | kang munggèng ing ngayun | pinilih lan pasêdhahan | narawita kaparak lêbêt lan jawi | gandhèk lawan niyaga ||
2. pan pinarak anèng jroning puri | kang winastan bangsal priyêmbada | asri yèn tinon warnane | pandam pating palancur | angandika sri narapati | Sêmangko timbalana | putèngsun[27] katêlu | kapat lawan Si Sujalma | nyai nêmbah mundur sing ngarsa narpati |
--- [f. 115r] ---
kawarna solahira ||
3. radèn putra katri sampun prapti | kantun Sujalma kinèn ngenggalna | maring kapatihan age | tan dangu nulya rawuh | nyai dêmang pan wus angirid | praptèng ngarsa narendra | lênggah sor bêbatur | mangrêpa raja pinutra | wus koningan ling nata lah kaki mantri | padha sira munggaha ||
4. wotsêkar minggah satriya katri | kapat Sujalma wus sami minggah | tan dhompo lêlênggahane | kasmaran sagung dulu | dening tanbuh ingkang pinilih | pramèswari tumingal | dhatêng ingkang sunu | langkung suka sru kang marma | de satriya sakawan lir kadang yêkti | tunggil sayayah rena ||
5. angandika kangjêng sri bupati | kaki putra sun durung kêduga | karsanira wingi radèn | dènira karya pamuk | sira prênah ing wuri têbih | sawurining pikulan | radèn nêmbah matur | kawula anuwun duka | marminipun sakathahing kang prajurit | têbih sikêping ngarsa ||
6. mênawi kandhap wadya panumping | bilih dede pamuk padukendra | kang nadhah kalindhih yêktos | kalawan malihipun | yèn wadyawon wontên ing wingking | yèn kabêrêg kang ngarsa | tan wande kalulun | lan bilih lanang kang yuda | bilih ambrêg wudhar tataning kang baris | pêsthi katalanjukan ||
7. tinadhahan wadya kang prayogi | pêsthinipun tan kobêr anglawan | malah sangsaya risake | yèn kawèn pan kacakup | sangking lêsah ambrêg rumiyin | mila paduka nata | sampun tumut-tumut | dening kawula prang cidra |
--- [f. 115v] ---
sampun kantos tumut kocap cidra aji | ngamungêna kawula ||
8. ngandika rum kangjêng sri bupati | adhuh radèn sira putraningwang | sihing Ywang dhawuh ing mêngko | kamulyanira agung | budinira luwih ing kami | bab gêlaring ayuda | wis prêcaya ingsun | rahadèn nêmbah mangrêpa | ila-ila patikbra langkunga sangking | kautaman paduka ||
9. tan supêna ping sapta anjalmi | lumangkunga saking padukendra | sagêd mona sangking rajèng | tyasing sori gêgêtun | amiyarsa aturing siwi | nangling dhuh anak ingwang | budinira punjul | rahadyan atur prênata | sri narendra ngandika iya wis yayi | bêgjanira pêputra ||
10. langkung sokurirèng tyas sang aji | ing Pangeran kang amurbèng alam | dèn ingêk rêringane |[28] wus lir wong tate tau | ing pakridan aulah jurit | luwih sêka ing bapa | rahadèn andhêku | pukulun patik suhunan | pan sakathahing budi sangking rama ji | kawula darmi mona ||
11. kawantonan wulange sang yogi | kang palênggah ing arga Pamriyan | lawan sihing Ywang kang angrèh | pramèswari anjêtung | amiyarsa atur dyan mantri | dhuh nyawa putraningwang | budinira langkung | rahadèn tansah prênata | sang nata ngling iya yayi pramèswari | ingsun gawok miyarsa ||
12. ngling sang nata lah ta kaki mantri | iku wastra kalawan busana | arta kêncana rêtnane | lawan èstri yu-ayu | ganjarêna kang para mantri | lawan lèlèr-lèlèra | busana kang luhung | yèn wus pêrêk [pêr...]
--- [f. 116r] ---
[...êk] mungsuhira | wadwanira dadarên dipun wêradin | aja na kaliwatan ||
13. aja sira angeman mas picis | wiwitane donya saking jaba | ingsun kang ngêlumpukake | mêngko mangsane kulup | wutahêna donyanta ugi | apan ili yèn mênang | donyanira mantuk | sêpuluh sira kumêda | lamun kalah donyanira tan darbèni | ilang dadi jarahan ||
14. nora pedah yèn sira simpêni | atur sêmbah Dyan Jayalêngkara | Rahadèn Subêkti mangke | sinungan kêncana gung | wastra reyal myang radèn wukir | paringira sinama | tan wontên kang punjul | Sujalma wus pinaringan | wastra reyal mas sapalihe dyan kalih | mêngkana kang pêmawrat ||
15. angandika jêng sri narapati | kaki putra iki siranggoa | kêris brêkatan kunane | si jimat rane iku | si barêkat rimu Subêkti | si paningsêt Wirastra | si panatas iku | Si Sujalma kang nganggoa | ya ta kapat mangrêpa samya ngabêkti | wêwah pracayèng driya ||
16. wus pinaringan waos nyatunggil | myang sênjata pêdhang babrêkatan | kacatur nuhun ature | sata akèh kuluruk[29] | mèh raina wus bangun enjing | sang nata aluwaran | kendur[30] angêdhatun | radyan mantuk sowang-sowang | tan winarna solahirèng ngênu nguni | mega malang gumawang ||
17. kumarênggêng swaraning kang jalmi | wadwa dandan busana ayuda | ana bah-abah kudane | ana dandan pêpikul | umyang gurnang akontrang-kantring | duk muni [mu...]
--- [f. 116v] ---
[...ni] kang gurnada | pan mali ping pitu | têngara kèh asauran | bêndhe ngangkang gumêr kalaganjur muni | tăndha tan mundur ing prang ||
57. Durma
1. enjing muni têngarane wong ayuda | kêndhang gong gumrah atri | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | yayah kapirêngèng langit | bêndhe sauran | tambur salomprèt bèri ||
2. sakathahing marga gung sêsêk kèbêkan | dening wong tata baris | gandera na-warna | gamêlan asauran | ya ta kang para bupati | samya aseba | pêpak paglaran nangkil ||
3. radèn putra katiga sami aseba | miwah sira Sujalmi | kawarna sang nata | miyos ing dhatulaya | upacara munggèng ngarsi | orêg kang wadya | pinarak sri bupati ||
4. asasmita niyaka linggih sêdaya | egar tyas pra bupati | gamêlan sauran | mantri egar sêdaya | sigra ingkang lèlèr mijil | wrata sêdaya | bigar kang wadya alit ||
5. angandika sang nata mring kyana patya | bubarêna tumuli | gêgaman pangarsa | ingsun arsa tumingal | mubêng alun-alun dhimin | nuli banjura | sandika kyana patih ||
6. mangênjali manguswa mangaras pada | ngandika sri bupati | kakang dèn prayitna | dèn kaya ingsun sira | rumêksèng sutanta sami | matur sandika | bupati samyambêkti ||
7. pan kumrubut bupati ganti manguswa | ing pada sri bupati | rampunging kang sêbda | sami nêmbah sêdaya | ngandika malih sang aji | salamêt padha |
--- [f. 117r] ---
tinulunganèng Widi ||
8. wusnyambêkti bubar samya nata lampah | ingkang dadya pangarsi | Ki Răngga Wijaya | nitih kuda pêlăngka | wadyane prayitnèng wèsthi | kathahing bala | gangsal atus ti-ati ||
9. waos binang ganderane gêniroga | yèn tinon angajrihi | Arya Jagalaya | sumundhul ingkang wadya | sèwu prayitna ing wèsthi | têngêranira | nênggih wana kabêsmi ||
10. waos jinggring sinawur lawan sênjata | sira sang adipati | nitih kuda pêthak | ingaran pun arina | saha payung kartas wilis | sumundhul ngwuntat | wadya prayitnèng wèri ||
11. Ki Tumênggung Mulyawêcana nèng kuda | ulêse janjan kuning | ran pun ariwigra | payung kartas winarna | tumpringas waos jininggring | têngêranira | andaka tawan kanin ||
12. ingkang têngên Ki Răngga Amongwangsita | pitung atus kang dasih | waos kapurancak | têngran dirada mêta | mênggêp nitih kuda putih | pun latu rannya | Dyan Urawan nundhuli ||
13. wadyanira sèwu pan kabèh prawira | ciri wênara putih | waos jininggring mas | sênjata munggèng ngarsa | tawok tamèng kanan kering | sang adipatya | mênggêp nèng kuda langking ||
14. aran pun dhêdhali wus saeka praya | apayung kartas wilis | dan Kya Maospatya | sumundhul wadyanira | kalih èwu gunging dasih | têngêranira | cakra angrêspatèni ||
15. sênjatane bainèt kabèh nèng ngarsa | waos bung ampèl jinggring |
--- [f. 117v] ---
sira sang dipatya | munggèng turăngga rêpta | pun Wiratha songsong wilis | pataping bala | tinon tan kêna ngukih ||
16. dan gumulung prajurit ing kapatihan | nêm èwu gunging dasih | panah bêdhil ngarsa | waos mamas sinulam | gandera krêsna ngajrihi | ciri dulpakar | tinon tan kêna pinrih ||
17. Sang Dipati Jayasănta nèng wahana | daragêm kuda tèji | pun wigugên rannya | apayung lar satpada | tamèng pêdhang kanan kering | rakiting bala | tuhu amêmêgahi ||
18. sumundhul wong ing niyaka jro sumahab | Arya Tampolas dasih | sèwu yitnèng baya | panah bêdhil ing ngarsa | ing wuri waos jininggring | têngêranira | nênggih gadhung mêlathi ||
19. munggèng kuda kyarya dhawuk kasèmbukan | aran pun udanriris | apayung winarna | dan Tumênggung Mongyuda | sumundhul rong èwu dasih | bêdhil ing ngarsa | waos samya ginrandim ||
20. padhang bulan ganderanira gumawang | sira sang adipati | nitih kuda abang | ingaran pun gurnita | saha payung kartas wilis | pataping bala | angèl pinêgat urip ||
58. Mêgatruh
1. sampun têlas wadyabala kang anglurug | amung kari kang sinêlir | tumulya kondur sang prabu | radèn sêkawan lumiring | sami malêbèng kêdhaton ||
2. kawarnaa wadya kang bubar ing wau | rabine ngatêrkên sami | wong wadon pating bilulung | sawênèh ana anangis [a...]
--- [f. 118r] ---
[...nangis] | sarwi angucap tan alon ||
3. yèn anaa wong adol gawe sun tuku | saking eman sun ing laki | sarêgane ingsun tuku | daganga sapisan pulih | sok uripa lakiningong ||
4. kang sawênèh ana kang suka gumuyu | lakine winêling-wêling | poma dika lakiningsun | dèn sêdya têmên ing kardi | amalês sih jêng sang katong ||
5. yèn jamaka wong wadon milu anglurug | pêsthi ingsun milu jurit | amalês sih jêng sang prabu | lingên pra mantri samargi | lan bupatine agalong ||
6. ya ta lênggah prabayasa jêng sang prabu | parêk kangjêng pramèswari | Sêmangko dinuk ing dulu | dyan sêkawan kèn nimbali | wus prapta ngawe sang katong ||
7. rajaputra lajêng ngabêkti sang prabu | mundur saha mangênjali | lajêng ngabêkti ing ibu | gumantya Radèn Subêkti | ngabêkti ngrama sang katong ||
8. nulya mundur lajêng ngabêkti ing ibu | gumanti radèn ngasrami | sumungkêm pada sang prabu | nêmbah kewala ing sori | Sujalma ngawe ing katong ||
9. wus manêmbah Sujalma nungkêmi suku | mundur tansah mangênjali | angandika jêng sang prabu | lah Ki Wirastra Sujalmi | ngantiyèng jaba nak ingong ||
10. radèn kalih ngastuti nêmbah gya mêtu | kawarna rahadèn dèwi | anungkêmi padanipun | kang raka waspa drês mijil | pramèswari ngimur alon ||
11. nulya wungu radèn dèwi alon lungguh | pramèswari mêngkul angling | adhuh
--- [f. 118v] ---
nyawa putraningsun | dahat marmaningsun kaki | dening sira maksih anom ||
12. tata titining ayuda durung wêruh | iku marmaningsun gusti | mungsuhira luwih agung | tur ratu gagah prajurit | iku nyawa marmaningong ||
13. radèn matur botên wontên anèm sêpuh | langkung karsaning Ywang Widi | padamêlan aprang pupuh | dasih darmi anglampahi | dinamêl mênang myang kawon ||
14. mapan aib karsaning Ywang Maha Luhur | kang kathah kawon mring kêdhik | sori matur ing sang prabu | putra paduka narpati | awagêd têmên miraos ||
15. nata nêbda iya yayi sun gêgêtun | sumilih ngling mring dyan mantri | lah iki kêmitan ingsun | anggonên ingkang sawiji | arinira kang sawiyos ||
16. radèn nêmbah anampèni jimat sampun | lah mantuka putra mami | apamita mring ni mantu | rahadèn anêmbah kalih | wus mundur sing ngarsa katong ||
17. sampun mantuk rahadèn kalih pan tumut | arsa bêkti mring dyan wukir | kawarnaa sang aprabu | sêmana wus animbali | ki pangulu kinèn ngaos ||
18. radèn rawuh kang rayi kèn bêkti sampun | Dyan Wirasastra Subêkti | ing êmbok sang liring santun | dyan kalih uningèng wadi | wusnyambêkti sigra miyos ||
19. rajaputra mèsêm kang rayi cinêluk | tan dhahar ing kene yayi | kang rayi tur sêmbah nuhun | kawarna sang atmaja ji | kang lagya mit ing sang sinom ||
20. dhuh
--- [f. 119r] ---
sun amit gèr abdine mapag mungsuh | punapa sanguning dasih | sang dyah karasèng tyasipun | ketang trêsnanirèng laki | tan ngandika tyasnya repot ||
21. sinrêg dening pangandikanirèng kakung | punapa mindêl dyah ari | baya andika kaduwung | andasihakên ing kami | punapa bosên darbe wong ||
22. tan yun têmu-tinêmu lawan anggèngsun | kawula wong ina miskin | yèn kawula sampun lampus | sakarsa andika gusti | mênawa yun krama katong ||
23. sang dyah duk amiyarsandikaning kakung | dèn angên-angên ing ati | kêrasa yèn nora luput | saya sru ketang trêsnaning | têka aniba ing pangkon ||
24. datan èngêt ing purwa sang kakung gupuh | gugup anambut ing rabi | wong dalêm nangis gumuruh | sang kakung mênggah tyas rujit | kang jaja yayah tinatog[31] ||
25. angandika pêgat-pêgat swaranipun | dhuh wungua masku gusti | sinotyanan sang wahing rum | idhêpên mas ingsun ratih | ujaring wong andêlamong ||
26. sidhêp sira tan tulusa sih maringsun | sarywa ingaras kang rabi | sinundhung-sundhung sang ayu | pêpungun sang rêtna nglilir | dhuh nêmu intên sauwong ||
27. sang kusuma ngudrasèng pangkoning kaku[32] | sang priya mangarih-arih | mindêla mirah dhuh masku | sampun idhêpan ta gusti | aturing dasih anglamong ||
28. kadi botên kawulane têmah lampus | yèn mêngsah ratu [ra...]
--- [f. 119v] ---
[...tu] mung kalih | pan ingsun sampun winuruk | saulah ingêring jurit | dening ramanta sang kaot ||
29. kang palênggah ing giri Pamriyan punjul | sidik sor ungguling jurit | ping dwi wuruk rama prabu | ping tri wuruke wa patih | gusti dèn ngandêl maringong ||
30. aja ingsun gusti amungsuh rong ratu | yèn ingsun nêdyaa mati | amungsuha ratu sèwu | măngsa sun ngaraha mati | yèn misih asih mas ingong ||
31. sang dyah ayu mèsêm anjiwit ing kakung | radèn ngaras wanti-wanti | satêmêne ujar ingsun | sangonana gantèn gusti | dasihe andon prang papor ||
32. kantun anggèr mintèng Ywang basukiningsun | sang dyah tumulya tur bêkti | sumungkêm pangkon adangu | kakung ngaras ngarih-arih | pyuh tyase kabèh kang tumon ||
33. wusnya wungu sang dyah anulya sinambut | datan pêgat rinarêmih | wis kantuna jimat ingsun | têdhak sang narendra siwi | satindak nolih tyas keron ||
34. duk tumêdhak orêg wong sadalêm agung | sang dyah anutakên liring | kang nala yayah tut pungkur | sang kakung tansah anolih | mungkur tikbra laraning jro ||
59. Pangkur
1. radèn miyès[33] ing paseban | orêg wadya ngrik ning kuda mêlingi | krisiking watang panguwuh | ing wadya kadi bêlah | kang bantala wadya prawira anggrêgut | dyan nêbda lah kang Sujalma | ta sira budhala dhimin ||
2. budhal kang wadya pangarsa | sira Radèn [Radè...]
--- [f. 120r] ---
[...n] Arya Sujalma nitih | takuping tal kudanipun | aran pun abrapuspa | pinanganggyan giwang suwarna bra murub | songsong laring wilasita | kang wadya prayitnèng wèsthi ||
3. kalih èwu gunging bala | sura-sura taruna nunggal ati | Dyan Wirasasta[34] sumundhul | anitih kuda rêpta | ingaran pun imarêtna gêng aluhur | arahab kumaladara | biludru samarga nirig ||
4. pataping bala wiweka | yèn sinawung tan mingkêd dèn mriyêmi | wong tri èwu têguh timbul | sami tate rinoban | sinarupa sawit sora-sari murub | rêmpêg gêng-agêng kudanya | Dyan Subêkti anundhuli ||
5. nitih kuda bang taruna | pinanganggyan giwang sawud rêtna di | pun rêtnayuda ranipun | songsong laring dewata | kinêmbar lan dyan ngarga wadya têguh tus | kawan èwu sinarupa | biludru wilis sinuji ||
6. dyan ginrêbêg wong pilihan | sèwu pan wong jitus tandhing ing jurit | busana ngrêmkên pandulu | kathah putrèng sêntana | mangkya orêg sakathahing wong dêdulu | satindaknya rajaputra | kang măngka suryaning jurit ||
7. wahana dragêm nonoman | ingaran pun abramăngga ngajrihi | tuntunan kuda têtêlu | pun wiragni kang abang | ingkang camêng[35] pun sariyuda kang dhawuk | pun yêksaliman satunggal | galake anggigisi[36] |[37]|
8. pun sapujagat wastanya | ulês [ulê...]
--- [f. 120v] ---
[...s] wungu buras anggêgilani | sirêp sakèh wong dêdulu | sami mêndhêk sêdaya | tan wantah myat ing rajaputra tumungkul | ulap kaujwalan cahya | wah busana ngrêmkên èksi ||
9. liwran srawunganing rêtna | sagung mulat kadya non jroning ngimpi | lir tan jalmi dhêping dulu | yayah mukswa kêdhèpna | lênglêng kabèh akèh gandrung kapirangu | sawênèh aginjal-ginjal | tanbu[38] rasane kang ati ||
10. nêngêna kang anêningal | kawarnaa tindak murtining jurit | gêgaman ngarsa wus têpung | duk prapta ing pamendan[39] | tinimbalan kinèn budhal baris agung | kya patih wus dhinawuhan | kinèn bubarêna baris ||
11. Răngga Wijaya têngara | obah kabèh sakathahing kang baris | nulya bubar kang panganjur | têngara asauran | kang gamêlan swaranya umyang gumuruh | prajurit kang pinayungan | anitih kuda sêsirig ||
12. panganggene warna-warna | tiningalan tuhu angrêspatèni | swaraning bala gumuruh | angrok pangriking kuda | jriting liman sru srang krêbêting lêlayu | kadi jagading wangkawa | catra lir lang yutan kêthi ||
13. jwajwa bang krês biru seta | anglir pendah prêbata kah angsagni | gumêlak wadya panganjur | ton pindha wrêdu găngga | tanpa rungwan swaraning wadyabala gung | anggrêgut samya atbuta | dènnyarsa malêsa ing sih ||
14. sruning kawarêgan dana | kabèh nunggal atyambêk praya mati [ma...]
--- [f. 121r] ---
[...ti] | siniksa wadya kang kantun | tan anêdya lêleda | sangking sura gambiranya tanpa sayut | manah bungah mangah-mangah | sru kasmaran rèhing gusti ||
60. Asmaradana
1. kang surya wus tunggang ardi | budhal wadya sasêliran | rêg-rêg gumrêdêg swarane | pitung èwu ingkang kiwa | dene têtindhihira | Wiryaduta kang panganjur | tanna ambèbèr gandera ||
2. tan mawi dèn têngarani | kang mantri miwah lêlurah | tan ana pêpayung kabèh | sumundhul wadya panganan | pan pitung èwu gungnya | kandhuruan tindhihipun | lampahing baris prayitna ||
3. sêdayambêk praya mati | wantah tus trahing prawira | siji tan mrih urip yèn sor | tus trubusing kartiyasa | winalantah ing nata | muput tuwuk ing pangugung | kinulawisudèng suka ||
4. ji sèwu kudanging jurit | sarta pamêrdining nata | ing digdayan santikane | lalo luluh ing pangulah | tan kalah kinrobêlah | nulya sumundhul ing pungkur | wadya mandhung maundara ||
5. jayantaka atanapi | tanuastra jagasura | nirbaya jagabayane | kanoman wisapracăndha | gunggungipun salêksa | kang măngka têtindhihipun | Dyan Dirgabau prawira ||
6. wong tamtama anundhuli | wirabraja brajanala | judhipati pinilihe | pitung èwu kèhing wadya [wa...]
--- [f. 121v] ---
[...dya] | têtindhihira Radyan | Sujanasêstra pinunjul | tate kinèn anrang pringga ||
7. sumundhul wadya ngasrami | kawan atus kèhing bala | Sang Prabala têtindhihe | Nirbaya satus kang wadya | anèng Arya Sujalma | Dyan Wirastra wadyanipun | sira Gusti Yudapatya ||
8. sèwu gunge ingkang dasih | Nirpringga satus wongira | apan samya tau tate | Dyan Gusti Prataliyuda | sèwu kang wadyabala | Nirwèsthi wongira satus | sami têguh cilik mula ||
9. tan apasah dening wêsi | kabèh sisaning gurinda | tapak palu paron pandhe | ingulig kalawan tapa | tur antuk idining sang | maha palênggah ngarga gung | sajuru-juru wus tata ||
10. sumrêg kang bala lumaris | bubare saking nêgara | asri tinon gêgamane | surêm sang ywang dewangkara | kasênênan busana | ing awiyat asmu mêndhung | wus lêpas lampahing bala ||
11. asingidan ing wanadri | doh lakon salingsir wetan | kawarna sira rahadèn | sêmana wus masanggrahan | anèng ing paninggahan | bupati mantri nèng ngayun | tan pêgat kêmbul dhaharan ||
12. prapta sikêp jro lan jawi | lir pendah wukir dahana | ing paninggahan makuwon | tansah akêmbul dhaharan | goning panambêlehan | rah maesa bacin arus | ya ta wontên [wontê...]
--- [f. 122r] ---
[...n] duta prapta ||
13. Pringgabaya Singasari | Wisantara sarêng prapta | pan sêmadosan lampahe | dadya sarêng praptanira | duta sarêng tur sêmbah | Mirmagati gya umatur | kang sêmbah bêkti pun uwa ||
14. katurèng paduka gusti | ping kalih gusti pun uwa | atur uninga wiyose | mêngsah dalêm gusti kathah | sampun kirang prayitna | wadya ngulig siyang dalu | kang wadya sami sudira ||
15. mêngsah dalêm gusti mijil | saking kitha tatan-tatan | ing benjing enjing budhale | tatan-tatan kalih dina | Gusti Sri Singasêkar | ingkang dados dhadhanipun | pangawatipun kang kanan ||
16. bupati lan măncanagri | ing Singasari tindhahnya[40] | măncanagri sêdayane | Dipati ing Prabalingga | pun Pêsagi prawira | ing Pajrakan Wanasantun | ing Rênun lan ing Kalayar ||
17. myang ing Wajak Selaurip | ing Bangil lan Sidapêksa | Pasêdhahan myang ing Gêmbong | ing Sarêngat lan Balitar | ing Bantal Padhomasan | dhadha bupatya gung-agung | tinindhihan kyana patya ||
18. kalih kêthi gunging dasih | pan wolung èwu langkungnya | seos sang nata pamuke | Sang Nata ing Singapuspa | tri kêthi gunging wadya | salêksa parisanipun | tawok pamiji nyatunggal ||
19. tawok bêr-ibêr nyêsupit | kang salêksa kinêrenan | gangsal èwu sikêp binèt | gangsal [gang...]
--- [f. 122v] ---
[...sal] èwu sikêp pêdhang | gangsal èwu amatang | gêgilani polahipun | jêjenggotipun apanjang ||
20. bruwok bruwès jêmbut ati | wong warêg dinulangmangap | tur ingugung sapolahe | tan wontên purun amalang | ngangge sawênang-wênang | winênang sakayunipun | punika atur pun uwa ||
21. Kartisampeka tur bêkti | gusti pangawat kang kiwa | sagung măncanêgarine | Ngrajêgtosan Kapadhangan | Japan lan Wirasaba | ing Balora Wirasantun | têtindhih pun Tirtanata ||
22. ing Sidajêng Adipati | dhadha kang mantri bupatya | Patih Suwănda tindhihe | wolung lêksa gunging bala | sanès pamuk sang nata | Natèng Pringgabaya pungkur | tigang lêksa gasal[41] nambang ||
23. kang asikêp tamèng bali | kang salêksa kinêrenan | tigang dhêpa landhehane | wondene ingkang nêm sasra | tigang èwu sênjata | sami kinêrèn sêdarum | jinuju ing sabên dina ||
24. winênangi singlur masjid | têtiyangipun sêdaya | dhinatêngan sakajênge | tan angeman-eman pêjah | kang siyasat kalintang | bilih lêpat wadyanipun | punika atur pun uwa ||
25. saha bêktinipun gusti | umatur pun Endrajala | pun kakang sêmbah bêktine | Sang Nata ing Wisantara | tamtu tan tumut yuda | nanging yèn tiwas sang prabu | apti abela tumangan ||
26. rêmbagipun sri bupati | bupati măncanêgara | kinèn gitik ing siyange | Dipati [Dipa...]
--- [f. 123r] ---
[...ti] Kincang Kinandhang | ing Curi lan Cancangan | Baturana gêlêngipun | lan Dipati ing Pranggunan ||
27. ing Tandhês lan ing Garêsik | Lumajang lan Balambangan | pan punika pangajênge | têtindhih măncanêgara | ing Trênggalèk prawira | pun Cêbolèk wastanipun | kalangkung dening sudira ||
28. mantra[42] bupati têtindhih | Apatih Endrasuwarna | sakêthi wadya kathahe | sanès kang pamuk sang nata | pan karsa sri nalendra | arsa angamuk ing dalu | kalangkung dening pratama ||
29. wolung lêksa kang prajurit | pan sami kêre sêdaya | kalih lêksa sênjatane | kang kalih lêksa talêmpak | dwi lêksa tamèng pêdhang | ingkang kalih lêksa tulup | pan sami dinulangmangap ||
30. ingugung kêpati-pati | winênang pèpèr maesan | kalangkung-langkung bandhole | nging kang siyasat kalintang | yèn wadya kalêpatan | punika gusti turipun | paduka dipun prayitna ||
31. ling radèn tarima mami | nanging ingsun durung ulap | mungsuh gêni siyasate | pan wêdiningsun yèn ana | ratu sinihan bala | nanging yèn sihe tan patut | tan jrih duta samya nêmbah ||
32. abdi dalêm kangjêng gusti | katri anuhun pitungkas | rajaputra ngandika lon | maturèng wa karo kakang | kaya dhimin kewala | lan undhange rama prabu | sapa kang matèni raja ||
33. iya jumênênga [jumênêng...]
--- [f. 123v] ---
[...a] aji | ingkang matèni dipatya | gumantiyèng salungguhe | yèn madhêm mantri kang wadya | ya kêmantrèn gumantya | poma dhawuhna katêlu | si kakang paman lan uwa ||
34. manêmbah caraka katri | mangrêpa nuhun sandika | katiga sampun linèlèr | kêncana nyatail sewang | reyal amolung dasa | tanapi pakirimipun | kêncana ngrong kati sewang ||
35. anyèwu kêtone sami | rajaputra angandika | wis padha mintara age | nêmbah amit tri caraka | wus lêpas lampahira | nêngêna ingkang lumaku | ing wingking kang kawarnaa ||
61. Pangkur
1. raja pinutra ngandika | uwa patih wadya punapa sami | karêksaa têdhanipun | kyana patih turira | botên kirang kêkucah dalêm pukulun | dyan nêbda hèh pra niyaka | kadipundi glaring jurit ||
2. dawêg sami winicara | kadipundi tatane ing ajurit | rêkyana patih umatur | dhuh gusti prayoginya | aprang dalu pan sêdaya-dayanipun | karêksaa ingkang wadwa | sinung têtêngêr kang dasih ||
3. bilih parênga tur amba | pan akathah pêkantuking prang latri | kang mêngsah dhatêng ingamuk | pêsthi kang tata bubrah | kinathahan gutuk api dados batur | pinajêng pinara tiga | kaop abdi dalêm kêdhik ||
4. yèn paduka umaguta | siyang risak bala kathah ngêmasi | Arya Jagalaya nyandhung | ki lurah tur sampeyan | kula tan suwawi yèn apranga dalu |
--- [f. 124r] ---
dede têkoning prawira | bilih aprang amrih silib ||
5. ajrih punapa prang siyang | yèn winawrat mêngsah punika lan sih- | ing jêng gusti kirang mungsuh | lan katingal kang wadya | ingkang ajri[43] lan purun sami kadulu | yèn aprang dalu punika | darmane ingkang nguliwing ||
6. Ki Tumênggung Amongyuda | nambungi kang karsa ki lurah rèhning | mêngku wong ngeman ing wadu | nanging lêrês pun kakang | owêl kang sih kangjêng gusti tan kadulu | kèh warnèng tiyang punika | Mulyawêcana nambungi ||
7. ical titining parentah | wadya awon sae datan kaèksi | amraical dananipun | jêng gusti sru minulya | jrih punapa aprang siyang mrih kadulu | sangguping para niyaka | kang sêdya atalang pati ||
8. Kya Maospati tur sêmbah | yèn marêngi karsa dalêm jêng gusti | ingayon wadya sêdarum | gusti aningalana | dados kèksi wadya awon saenipun | Dyan Urawan atur sêmbah | atur kawula jêng gusti ||
9. nanging pandugi kawula | kados botên wontên kang nguciwani | atur kawula pukulun | sinamenan sagêlar- | ipun mêngsah sinêmbadan ing sakayun | mantri bupati sêdaya | atur punika suwawi ||
10. rajaputra rum ngandika | yèn mêngkotên rêmbuging pra bupati | manira têka jumurung | pinadhanan sagêlar | lan malihe wa paman sêdaya niku | benjang yèn praptèng ayuda | wa patih parentah mami ||
11. Paman Dipati Urawan | Mongwangsita ngarêpna [ngarê...]
--- [f. 124v] ---
[...pna] măncanagri | Mas Maospati Tumênggung | ngarêpna Prabalingga | samya nêmbah para dipati katêlu | ature nuhun sandika | gusti sampun walanggalih ||
12. Man Dipati Jagalaya | lan Man Răngga Wijaya kang nèng kering | măncanêgara sêdarum | Paman Mulyawêcana | kang ngarêpna Tirtanata ing Sidayu | ngabêkti pratiwa tiga | gusti sampun walanggalih ||
13. Man Tumênggung Amongyuda | ngarêpêna Bupati Singasari | Mongyuda mangrêpa nuhun | gusti sampun watos tyas | Paman Arya Tampolas parentah ingsun | ngarêpna ing Pringgabaya | samantrine lan bupati ||
14. manêmbah Arya Tampolas | sandika sakarsa dalêm tan gingsir | wa patih parentah ingsun | ngarêpêna Sang Nata | Singasari Pringgaba[44] karo niku |[45] kya patih matur sandika | sampun tyas kuwatos gusti ||
15. kabèh wus pinacang-pacang | pra dipati myang kang para prajurit | sêdaya mantêp ing saguh | têngran wus winawarah | ingkang mungsuh pan sami dèn emut-emut | kang wadya tansah amênggah | kadya gya-agya ajurit ||
16. rajaputra angandika | dene ingsun besuk têmah ing jurit | anindhihi anèng pungkur | lawan Kakang Sujalma | yayi karo datan adoh lawan ingsun | pra bupatya tur sandika | nglampahi ayahan gusti ||
17. sigra mêdal kang wanita | samya anom-anom warna yu luwih | gêlang kilatbau kalung | ajamang asumping mas | padha nome pirang-pirang tap [ta...]
--- [f. 125r] ---
[...p] ing ngayun | wadya bupatya yun bubar | ingampah de rajasiwi ||
18. sampun ta sami suminggah | pra dipati ecaa sami linggih | wa patih myang bupatya gung | mantri lan prawira |[46] Uwa Jayasănta dhimin manira sung | wanodya andika karya | juru liwêt anèng ngriki ||
19. kang sinjang cindhe puspita | kyana patih dhêku-dhêku noragi | radèn malih ngandika rum | dene Paman Mongyuda | dika siji ingkang sinjang cindhe wungu | Uwa Maospati dika | ingkang sinjang cindhe wilis ||
20. dene Man Mulyawêcana | dika siji kang sinjang cindhe randhi | kang awastra limar wungu | dika Paman Urawan | Paman Jagalaya padha limar wungu | dene Man Arya Tampolas | kang wastra limar giyanti ||
21. sira Man Răngga Wijaya | siji ingkang asinjang golang-galing | Man Mongwangsita lah iku | kang sinjang lurik kaywan | amlasakên tanna kang pijêt yèn dalu | bupati samya prênata | andhêku-dhêku ngastuti ||
22. mantri lit-alit sêdaya | sami sinung sêsotya rêtna adi | sawênèh busana luhung | Radèn Jayalêngkara | angandika ing wadya amanis arum | sagunging para niyaka | sampun kadukan ing tampi ||
23. manira asung wanita | myang busana dhatêng bupati mantri | niku kabèh trimaningsun | uwa paman sêdaya | dening pêkênira ngatêrkên maringsun |
--- [f. 125v] ---
yêkti dhatêng sih andika | yun wruh lara pati mami ||
24. dening lampah dika samya | yèn sisipa pêsthi nêmahi pati | salamête nandhang tatu | niku cipta manira | kang pra mantri sêdaya nêmbah umatur | adhuh gusti kamangkara | sih dalêm paran winali ||
25. Dipati Urawan ngucap | yèn sun timbang-timbang èstri puniki | walêsên pati ping pitu | kadi tan kasauran | sangking gunging pasihane gustiningsun | Mulyawêcana angucap | yèn cipta manira ngriki ||
26. manira pinaringan dyah | angkah ingwang sun kon ngatêr ngêmasi | lamun manira wus lampus | sakathah pra niyaka | pêkênira lumajênga dèn aulu | nanging ta wêkas manira | pawèstri têka ing ngriki ||
27. puniku dipun cangkinga | aja kari pan purwaning pawèstri | têkèng ngriki dening ingsun | yèn èstri katilara | yêkti ingwang puniku paraning wuwus | yèn mungsuh nora kêsăngga | manira matia dhimin ||
28. Amongyuda sru angucap | suka ingsun dadia bantên jurit | benjang yèn tan tuk pitulung | merang yèn sun mulata | ing sang nata sangkaning bayi jinuju | mêngko wus mukti wibawa | têmah ing don nêniwasi ||
29. yèn tan ana parmaning Ywang | Amongyuda kumur-kumur dhingin |[47] Maospati sru ambêkuh | amuntir brêngosira | adhuh gusti kondura sang abinagus [abinagu...]
--- [f. 126r] ---
[...s] | yèn abdine misih gêsang | dados trênggulang jurit |[48]|
30. Jagalaya sru angucap | yèn wontêna lumayu jrih ing pati | dudu uwong idhêpipun | padha kalawan khewan | datan pantês kinarya bupati agung | pagene amangan sêga | aja majangi pawèstri ||
31. Dêmang Mongwangsita mojar | yèn wontêna mêngkono rèh puniki | iku wong kawongan asu | pantês pinakan tinja | dan Ki Răngga Wijaya asru amuwus | dudu êndhoging manusa | apantês yèn kinabiri ||
32. yèn anaa wong mêngkana | Dyan Tampolas bêbrêngose pinuntir | sabênêre ujar iku | yèn ana ngucirèng prang | pan kinarya tontonan nèng alun-alun | saanak rabine pisan | urip tuwas jêjêmbêri ||
33. kyana patih angandika | sakèh kancaningsun para bupati | dèn têmên barêng lan ingsun | nangis para bupatya | suka lila dèn suwèka angganingsun | yèn gingsir ling sun sakêcap | ilanga Islam sun iki ||
34. bupati kabèh ngudrasa | angandika risang narendrasiwi | mugi pinaringa ayu | ing Rabil Ngalamina | lan safangat Jêng Nabi Murti Panutub | pan ingsun ngêmpèk kewala | darma punapa wak mami ||
35. Amongyuda sru karuna | aturira pangeran kamangka di | pangandika sakalangkung | dening nganyuhi [nganyuh...]
--- [f. 126v] ---
[...i] prana | ing pundi gèn antuka gusti pukulun | kang sih ing dasih lir pada | midêra sasra nêgari ||
36. măngsa kawula antuka | susuhunan kados paduka gusti | kawulanjalma ping sèwu | dadosa abdi pada | satrus trubus kawula patyani lamun | angimpia gusti liyan | mugi dinadosna anjing ||
37. Maospatya tur karuna | yèn olèha ing jurit kadospundi | pan kawula botên ayun | gusti lyan saking pada | yèn paduka tan tuk tulung kawulajur | rumuhun abasah lungkrah | yèn pada tan unggul jurit ||
38. kawula sampun awora | lawan bumi sêtya kawula gusti | yèn paduka dados ratu | kawula asukua | dhadha botên ayun kantuna ing ripuh | pêjaha ngarsa paduka | paduka tulusa aji ||
39. rajaputra rum ngandika | lah anêdha sêtyaning pra bupati | mugi walêsên sihipun | dening Ywang Maha Mulya | sêdane sami muliha rahayu |[49] manira dèn bêbanaa | dening sagung pra bupati ||
40. aturing mantri bupatya | asmu waspa gathul swarane sami | dhuh gusti paduka langkung | asih ing wadyabala | punapa gusti kang kinarya wêwangsula |[50] lintang gênging sih paduka | kawula botên kuwawi ||
41. ing mangke atur kawula | jêng paduka sampun tumut ajurit | pangeran sampeyan kondur [ko...]
--- [f. 127r] ---
[...ndur] | ecaa majang raras | ingkang abdi kang magut ing mêngsah rawuh | yèn abdi pada kabêdhag | dhinèndhèng têkan nak rabi ||
42. dyan nêbda botên kuwasa | anarima sihing kang pra bupati | nanging manira yun wêruh | kanthaning wong ayuda | lah ta nêdha nata baris ngawug-awug | lah dawêg bubar sêdaya | mundur kasaput ing latri ||
62. Durma
1. kawarnaa sêmana raja pinutra | ya ta sampun anuding | ing Ki Wirasmara | kinèn animbalana | sagunging tindhah prajurit | kang sinimpênan | kabèh wus sami prapti ||
2. dan rahadyan pinarak nèng pasanggrahan | lawan kang rayi kalih | katiga Sujalma | Wirasmara gya prapta | raja pinutra duk ngèksi | maring sagung kang | prapta ngandika manis ||
3. konên banjur malêbu mring pasanggrahan | Wirasmara wus ngirid | apan sampun prapta | kang lênggah anèng ngarsa | Dyan Sujanasêstra tuwin | sakancanira | lêlurahing prajurit ||
4. wong tamtama Radèn Panji Surèngbaya | Dyan Panji Surèngwèsthi | Lurah Wirabraja | ran pun Wiradigdaya | sisih lan pun Wirasêkti | wong brajanala | wasta pun Brajapati ||
5. asisihan kalawan pun Brajasura | lêlurah judhipati | ran pun Rangsangyuda | sisih Rangsangwijaya | lêlurahing wong panilih[51] | Suradigdaya [Sura...]
--- [f. 127v] ---
[...digdaya] | asisih Surapati ||
6. ywang-ywang citra awasta pun Citrănggada | sisih pun Citramusthi | lurah nutra Radyan | Sumawicitra lan Dyan | Citrakusuma rèhaning | Dirgabau Dyan | lurah mandhung winarni ||
7. ingaranan sira pun Carangkintaka | sisih Carangkintaki | lurah maundara | wasta pun Danurdara | Singăndara kang nisihi | wong jayantaka | ran pun Surakintaki ||
8. asisihan lawan pun Surakintaka | jagasura wêwangi | pun Jagapanantang | sisih Jagapangrangsang | lêlurahing wong nirbanggi | pun Nirdasura | sisih pun Nirdapati ||
9. jagabaya wasta pun Jagaprawira | sih pun Jagasêkti |[52] kanoman lurahnya | wasta Trunasudira | asisih pun Trunapati | wadya ngasrama | Prataliyuda Gusti ||
10. sèwu wadya sing ngasrama lêlurahnya | wasta pun Yudakarti | sisih Kartiyuda | Nirwèsthi sèwu wongnya | pun Mabelah kang sawiji | lan pun Marewah | Ki Gusti Yudapati ||
11. sèwu wadya lêlurahe Yudabăngsa | Bongsontaka nisihi | satus wong Nirpringga | pun Rangah lêlurahnya | kalawan pun Paliwêngi | sira Prabala | tigang atus kang dasih ||
12. lêlurahe awasta pun Kêrtisura | sisih pun Surakrêti | pun Nirbaya wongnya | lurah ran pun Marewa | asisih lan pun [pu...]
--- [f. 128r] ---
[...n] Makincing | wadya kang kiwa | Wiryaduta kang ngirid ||
13. kawan èwu gunggunge wadya pangiwa | lurahe kang prajurit | Kya Mulyawêcana | ran pun Singawêcana | Jayawêcana sawiji | Arya Tampolas | sêkadange pribadi ||
14. kang sawiji awasta Ki Tanpanaha | Tanujiwa sawiji | Arya Jagalaya | suta lan kaponakan | Simbarjaya ingkang siwi | plunan Bèrjaya | Răngga Wijaya tindhih ||
15. arinira kang sêpuh Jayamiruta | kang anèm Jayangrangin | pangiriding kanan | sira Kya Kandhuruan | iya kawan èwu dasih | Kya Amongyuda | sêntananya pribadi ||
16. wasta Ki Kartayudan[53] Martayuda |[54] Tumênggung Maospati | putranya priyăngga | Kemas Gimêng kang tuwa | Mas Tatag ingkang taruni | Kyai Urawan | têtindhihe kang rayi ||
17. ingkang sêpuh awasta Ki Nawangdirja | Nawangalun kang rayi | Răngga Mongwangsita | kang raka têtindhihnya | Ki Ngabèi Jayapati | lêlurahira | kyana patih winarni ||
18. kang rayi wasta Kyai Jayasiyata | Sewajaya sawiji | lan Ki Sewayuda | lawan Sewataruna | tadhahan wus prapta sami | kinèn adhahar | wrata sêdaya bukti ||
19. wisan nuli sami pinaring dhêdharan | rajaputra nêbda ris | sakèh sanak ingwang | ingsun awèh pawarta | mungsuhira benjing enjing | budhal sing praja | kèhe pan pitung kêthi ||
20. wadyanya kèh tur padha sudirèng laga |
--- [f. 128v] ---
padha akêre wêsi | kabèh sun aminta | karyanira sapisan | dèn rêmna netrane kalih | sapa ngrêbuta | raharjaning nêgari ||
21. yèn dudua kabèh sanak-sanak ingwang | ya ta kabèh ngabêkti | Dyan Sujanasastra | umatur mring kang putra | kadipundi gèn gumingsir | yèn têkdiring Ywang | nging gèr panêdha mami ||
22. yèn tanna parmaning Ywang gumingsira |[55] maturèng ramanta ji | pun paman wus tuwa | dadosa bantên yuda | wus warêg mangan rêjêki | panêdha kula | ja wrin risaking nagri ||
23. dyan ngandika paman sru panuwun kula | sih dika asêsiwi | mugi wilujênga | tulusa mong ing kula | yèn tan wontên sihing Widi | panêdya kula | lir palwa dhadhap nipis ||
24. rêmêk ngajêng ing wingking aja sêlaya | manira tan yun kari | Dirgabau Radyan | karuna ngoswèng putra | sarywa dhuwunge binanting | si grang matia | anggèr tulusa aji ||
25. Yudapati Dyan Prataliyuda sigra | pêdhang binanting sati[56] | sru dènnya karuna | binêkta sangking arga | têmah ing don tanpa kardi | kakehan upa | urip anjêjêmbêri ||
26. jar kulanggèr sampun tumut prang mênawa | si dhampul durung mati | rêmêk dèn bandhêmna | gêmbung Prataliyuda | jroning pati durung gingsir | radèn ngandika | paman tarima mami ||
27. pra prawira sêdaya sami karuna | Kêndhuruan sru nangis | tuwin Wiryaduta | gusti karyanên srana | yèn sampun awor lan siti | kula sumăngga | Prabala jêrit-jêrit ||
--- [f. 129r] ---
28. pun Nirwèsthi Nirpringga lawan Nirbaya | sarêng nangis ngabêkti | gusti lilanana | kulamuke kewala | kenginga ing sapuniki | ngadêg sêdaya | sarwi lara anangis ||
29. kadi landhak curiganing pra prawira | ananjrit dènnya nangis | wênèh onclang pêdhang | ana krise dèn buwang | kaku tyase anggulinting | amêgap-mêgap | datan bisa anangis ||
30. Radèn Wirasastra prayitna ing nala | jumênêng angimuri | Sujalma myang Radyan | Subêktyanut kewala | wira sami dèn imuri | aja sangsaya | wus trima sêtyanya sih ||
31. dyan katiga ngimur kang paman sêdaya | miwah para prajurit | wus ngimur sêdaya | sagung para prawira | ngandika rahadèn mantri | padha ayua | sinunga sihing Widi ||
32. wus ginanjar busana lan bauwarna | miwah êmas lan picis | lah padha pirsakna | undhange kangjêng rama | sapa kang matèni aji | dadi nata |[57] myang matèni bupati ||
33. ya kinarya bupati tan ngetang jalma | ingkang matèni mantri | salungguhanira | lah padha pirsakêna | lan yèn muni bêndhe mami | si jimat nyranga | sandika ture sami ||
34. padha ngrêpa sêdaya saha prênata | radèn ngandika malih | wus takdiring Sukma | darma apa kawula | lara pati wus pinêsthi | lah wis bubara | padha nataa baris ||
35. sarêng nêmbah sêdaya bubaran nata | sapangkone pribadi | rahadyan wus bubar | tan kawarna sêmana | wus dadya gêlaring jurit | mèh byar rahina | sakanthine wus rakit ||
--- [f. 129v] ---
63. Kinanthi
1. lingên Natèng Singasantun | kalihan Sri Pringgawèsthi | pan lagyambojandrawina | pêpêk pra mănca dipati | busanane warna-warna | tinon lir ujwana sari ||
2. ting prêngangah bupatyagung | Pringgabaya Singasari | Kyana Patih Jarasănda | jajar Suwăndane kering | Ki Dipati Tirtanata | ing Sidayu kang nêgari ||
3. Pêksisinga Ki Tumênggung | Lokabilwa Adipati | lan Ki Arya Agrayuda | jajar Arya Măndrapati | sumambung măncanêgara | Kapadhangan Wirasari ||
4. ing Limbangan jajaripun | Kartasana Rajêgwêsi [Rajê...]
--- [f. 130r] ---
[...gwêsi] | ing Balora Sang Dipatya | [...] | lir pendah sêkar sêtaman | ana brêngose dèn pidih ||[58]
5. Bupati ing Singasantun | kang pêrak Rêkyana Patih | Jarasănda têngênira | Ki Adipati Pêsagi | nagrine ing Prabalingga | punika andêling jurit ||
6. nulya Binarong Tumênggung | Tumênggung Sindura nuli | Arya Widandini nulya | jajar Arya Măndrapati | lawan Dêmang Jathasura | Danurdara anambungi ||
7. Răngga Wilasita têpung | Răngga Durjaya nisihi | Bupati Măncanêgara | ing Wajak lan Watuurip | ing Rênun lan ing Kalayar | ing Sidapêksa Dipati ||
8. Sarêngat Balitar têpung | miwah Dipati ing Tubin | ing Gêmbong lan Pasuruan | ing Pajrakan Wanasari | ing Bantal lan Padhomasan | praba lir ujwana sari ||
9. gamêlan munya ngrêrangun | gêndèr salukat angêlik | egar wadwa balakoswa | gambira kang pra bupati | kêplokipun atimbalan | sênggakipun angêdhasih ||
10. wida jênar amrik arum | pandhan lawan nagasari | garu kalawan cêndhana | narawèstu sari racik | munggèng ing talam kêncana | dinumkên mubêng wêradin ||
11. mêdal sêkar gambir mênur | puspănjara gajah nguling | puspa krêna[59] jae srempang | karang mêlok surèngpati | munggèng ing talam kêncana | apan wus dinum wêradin ||
12. wus alarih mayêng têpung | brêduwin [brê...]
--- [f. 130v] ---
[...duwin] lan arak api | arak sèk lan arak jingga | jênèwêr kalawan kênit | pra bupati abêbêksan | angidung aminta larih ||
13. ingkang winarna rumuwun | kêkidunganing alarih | pan ingkang kinarya ripta | purwa eka padmasari | wong nginum lagi sadhasar | mayêng prasamya alarih ||
14. eka siji artinipun | padma puspita andadi | sari mêdhar ingkang padma | wong nginum antuk salarih | mêmpêng baguse jêtmika | lir lagi mêgaring sari ||
15. măngka anuli wong nginum | yèn sampun larih ping kalih | duwi amartani rannya | duwi atine[60] kêkalih | yèn sampun kalih dhêdhasar | wiwit datan nyimpên wadi ||
16. yèn wong nginum wus ping têlu | tri kawula busana di | tri iku wardine tiga | busana panganggo wadi | wong nginum tigang dhêdhêsar[61] | nganggo ala bêcik sami ||
17. yèn wis patang dhasar catur | wênara rukêm kang arti | catur pat kêthèk wênara | rukêm woh lêmpêni jalmi | nginum ping pat lir kêthèk myat | rukêm tan kêna sinapih ||
18. yèn wis ping lima wong nginum | pănca sura panggah wani | panca iku pan lêlima | sura wani ingkang arti | panggah iku datan obah | kang jêjêrih ngaku wani ||
19. yèn wis kaping nêm wong nginum | sad guna wêwekèng budi | sad iku nênêm jarwanya | guna maring kab bangkit |[62] weka pakewuh artinya | ilang pakewuh [pa...]
--- [f. 131r] ---
[...kewuh] myang sêkti ||
20. wong nginum wis kaping pitu | sapta kulina myang konyil | sapta pêpitu jarwanya | kulina pasaban ugi | konyil pan munyuk artinya | tan etang papan lan bukti ||
21. saloka nginum ping walu | astha kacra-cara krami | astha walu jarwanira | cara tata satanahing | wong nginum wus wolung dhasar | bubrah kang yudanêgari ||
22. kaping sanganing wong nginum | nawa agra lapa arti- | nipun nawa iku sanga | gra macan galak ngajrihi | lapa luwe wêrdinira | mingat-mingut tan wrin bêcik ||
23. wong nginum wus ping sêpuluh | iku dasa buta mati | dasa sêpuluh artinya | buta ya buta sayêkti | mati ya mati palastra | kari grêng-grêng tanpa budi ||
24. sêmana wus ping sêpuluh | wradin kang nayub gèn larih | kabèh tanna bisa obah | kari grêng-gêrêng ngrêrintih | sru suka Sri Pringgabaya | miwah Rajèng Singasari ||
25. wêwah-wêwah wuwuh-wuwuh | sumilih salin-sinalin | sinêlan susulan anyar | angêt-angêt sangking agni | pêsagi ngidung srêngkara | sinawur kêndhang lan suling ||
26. Tirtanata swaranya rum | rênyah mangidung ngimbali | awor suling mêmbat-mêmbat | swara raras nurut gêndhing | suka sang sri naranata | gumujêng Sri Pringgawèsthi ||
27. ting cêkakak bupatyagung | ting galeyah ambêksani | sukanting wadya punggawa | miwah mantri agêng alit | mantri kang larih ambêksa [ambê...]
--- [f. 131v] ---
[...ksa] | dingkik-dingkik miwir samir ||
28. mucicil apacak gulu | mêndhapan ingkang nampani | Sang Nata ing Pringgabaya | angandika mring apatih | lah pilihên Jarasada | wêwadhah kalawan isi ||
29. Jarasada nêmbah matur | wêtawis kula dewaji | inggih pinundhut sêdaya | gumujêng Sri Singasari | yèn wis bêdhah Sonyawirya | apa sira arsa ngalih ||
30. kang rayi mèsêm wotsantun | ature asêmu ajrih | nuwun sitine kewala | yèn kenging dèn têtanêmi | mênggah kawula piyambak | karaos nèng Pringgawèsthi ||
31. ngandika Sri Singasantun | yayi karsaningsun yèn wis | bêdhah ing Sonyawibawa | yèn ana nake kang urip | sun tandur nata cilikan | dadya pêngarêm sang putri ||
32. suka alatah sang prabu | wadya kabèh suka ngênting | sami wuru-wuru dawa | miwah kangjêng sri bupati | ya ta sêmana bubaran | tan winarna sirèng nguni ||
33. ing mangkya pan wus byar esuk | mijil yyang prêtănggapati | têngara muni sauran | ya ta kangjêng sri bupati | sampun dènira busana | pinarêk ing pramèswari ||
34. angandika sang aprabu | sira yayi pramèswari | yèn ingsun wus bubar benjang | sira gya bubara mulih | putranira nini rara | ya ajakên mijil mulih ||
64. Mijil
1. prajanira Pringgabaya sêpi | lan atitip ingong | putranira kawlasana anggèr | iku èstri
--- [f. 132r] ---
durung suka yayi | pramèswari anjrit | radèn putri ngrangkul ||
2. padaning rama lara anangis | rama milu ingong | nora bêtah pisah lan dhèwèke | suka ingsun matia ing jurit | barêng lan ramaji | atunggala tatu ||
3. langkung awlas sang nata rum angling | adhuh putraningong | aja milu mring si rama radèn | dudu gawening wong ayu jurit | yayi pramèswari | tulungên Ni Galuh ||
4. pramèswari mênêng datan angling | ngandika sang katong | pêgènira mênêng-mênêng anggèr | pramèswari matur asmu tangis | kangmas nguni ratri | asupêna ulun ||
5. dewaji katon nitih pêdhati | lan kang patih ingong | suka-suka andulu rêmêke | kang pêdhati dènnya nêmpuh curi | tan kêna binalik | pangiride rêmpu ||
6. sukaningsun dening kang pêdhati | têka maranjarog[63] | ngling sang nata adhuh yayi radèn | têgêse ingsun mati ajurit | tan pracayèng kami | kapan sun kaburu ||
7. pa Kalayar sun karo pêkathik | mung duk pa Arênon | ingsun gawa wong panumping kabèh | nanging ingsun durung amilihi | wadya ati-ati | ing mêngko ta pan wus ||
8. wadya akèh akanthi kakang ji | lawan mungsuh bodho | durung ngrungu ingsun ing jurite | apa ta karanira prihatin | kantuna maskwari | gantènana ingsun ||
9. sinung gantèn tinarimèng lathi | nuli sinung [si...]
--- [f. 132v] ---
[...nung] alon | radèn putri sigra tampi gantèn | katulyan ajêngira dyan dèwi | mandah pamêwahing | marang ingkang ayu ||
10. lagi alit langkung anggêsêngi | nalane kang tumon | dan umiyat sing pasanggrahane | asewaka ing raka sang aji | tan winarnèng nguni | ing paglaran pênuh ||
11. umyang gumuruh têngara mlingi | sampun sami saos | sêk supênuh ing alun-alune | jêjêl ingkang tata-tata baris | nêngêna ing jawi | kawarna sang prabu ||
12. wus angrasuk kaprabon ngajurit | ri kangjêng sang katong | sampun lênggah kalawan garwane | Sang Nata Singasari lagyamit | dhatêng pramèswari | ginubêl ing sunu ||
13. sang putri dawêg rumaja putri | ingkang citra kaot | kalud dening aluhur sêmune | wignyèng sastra amartani dasih | wagêd mulut ati | among ing pêpandhu ||
14. lagya sumungkêm ing pada aji | sarywa nangis alon | lir brêmara mrih sari swarane | rama ji ingsun milu ajurit | nora bisa kari | ngling nata dhuh masku ||
15. dudu gawening wong ayu jurit | mindêla putrèngong | besuk sira sun atêr ni radèn | angalahkên dèn anuku riris | yayi pramèswari | tulungên Ni Galuh ||
16. sawingking ingsun ywa pêgat yayi | kasukana among | putrinira dèn lipur kangêne | tan sumaur sang sri pramèswari | kang kestha[64] ing ati [a...]
--- [f. 133r] ---
[...ti] | nging supênanipun ||
17. sri nata ngaras sang dyah sarywa ngling | mundur ta mas ingong | kadi rare yèn sun tan wruh nênge | yèn bêdhah Sonyawibawa benjing | angrasa lèh tandhing | kêmaron sih ingsun ||
18. anuhun sih katuwon kakang ji | dadi sukaningong | akramaa sasra sun êmonge | dêdimone ingsun kang ngrêtèni | kakang tulus mukti | dèn jajara turu ||
19. panêdhaningsun siyang lan latri | tulusa mêngkono | sang nata ngling angaras garwane | tur sinuhun astaning kang rayi | paran mênêng gusti | milanira rêngu ||
20. pramèswari angling asmu tangis | katon impèn ingong | dika katon nitih palwa gêdhe | palwa rêmêk têngahing jêladri | sabala narpati | kèrêm têngah laut ||
21. kantun-kantun rayi paduka ji | Wisantara Katong | tulung palwa kunthing titihane | rêmêk dening wowotan pribadi | kasaratan isi | kèrêm kang parau ||
22. gumujêng sang nata ngaras pipi | sêmbawa kang katon | ing supêna dening yayi amrèh | arinira atulung mring mami | ri Wisantara Ji | amungsuh maring sun ||
23. yèn ta rêmêka dening punapi | pan tan milu mringong | iku dohe ciptanira anggèr | lah kantuna suwe sun inganti | dening yayi aji | miwah wadyaningsun ||
24. sampun miyos arame ing jawi | cundhuk lan ri katong | sampun lênggah sang nata kalihe | kya patih kalih myang bupati |[65] ingkang anèng
--- [f. 133v] ---
ngarsi | dipati tumênggung ||
25. wontên dhangdhang anucuk tri pêksi | rêmêk ponang êndhog | sangking lèr wetan dhangdhang sangkane | angandika Rajèng Singasari | dutaning prajurit | rêmpu ngarsaningsun ||
26. nêmbah matur kyana patih kalih | èstu sêbda katong | Sri Singasari pangandikane | lah budhala yayi Pringgawèsthi | kang rayi ngabêkti | ngarsèng raka mundur ||
65. Durma
1. wus tinêmbang kang bêndhe munya angangkang | orêg wong Pringgawèsthi | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | tambur awor lawan bèri | gumêr sauran | sumiyang ngrik ning èsthi ||
2. wus sinulêd gurnada agantya-gantya | lir pendah gêlap katri | krapyak gathik watang | gadêbêging lumaywa | umyang pangriking turanggi | kang munggèng ngarsa | Dipati Ngrajêgwêsi ||
3. amyang ingkang umbul-umbul lan daludag | bandhera warni-warni | sêlur lir sêlaba | pra mantri munggèng kuda | payung lir ujwana sari | sang adipatya | kuda tansah sêsirig ||
4. dan lumampah wau wadya Kapadhangan | mantri anata baris | dipatine ngwuntat | ngêdhangkrang pinayungan | sumundhul ing Wirasari | sulur kang wadya | gya Sang Dipati Bangil ||
5. ing Limbangan ajajar lan Kartasana | wadya nyela blêkithi | gumlak wong Bêlora | tinon lir wrêdu găngga [găng...]
--- [f. 134r] ---
[...ga] | ing Sidayu anundhuli | kang măngka wagra | gul-aguling ajurit ||
6. munggèng kuda Ki Dipati Tirtanata | ngêdhangkrang dèn payungi | panah bêdhil ngarsa | prajurite atata | sumundhul wadya ing wuri | lir singalodra | ki dêmang amlêk dasih ||
7. Jagalatan turangganira dhawuk bang | samarga asêsirig | Arya Agrayuda | wadyane sri atata | nitih kuda dèn payungi | gya Pêksisinga | Tumênggung anindhihi ||
8. Kyana Patih Suwănda nèng kuda rêpta | aran pun abarangin | kore saking Bima | giniwang suwarna bra | sawadyane ngati-ati | ing wurinira | kangjêng sri narapati ||
9. kang sinêmbah ing Pringgabaya nèng liman | ran pun wênaraputih | ing ngarsa karungan | kuda giwang sêdaya | kawan dasa sami tèji | kamantyan wadya | gulang-gulang ing ngarsi ||
10. pêrangtandang dorapati anèng ngarsa | kalawan judhipati | mranggo kering kanan | sisih lan jagabela | ing wuri sira Sutali | sawadyanira | rapêt tan kêna pinrih ||
11. sampun muni têngara ing Singasêkar | gurnada dèn sulêdi | gong bèri sauran | budhal wadya pangarsa | umbul-umbul warni-warni | gandera abra | lir pendah gunung gêni ||
12. Ki Dipati ing Wajak cucuking lampah | lawan ing Watuurip | kang wadya atata | gandera warna-warna | sumundhul [su...]
--- [f. 134v] ---
[...mundhul] wadya ing wuri | Bantal Dhomasan | lawan wadya ing Tubin ||
13. sri asinang payunge kang nata bala | mantri kang alit-alit | dipatine ngwuntat | ngêdhangkrang pinayungan | ing Balitar anundhuli | kumrab kang bala | ing Sarêngat nambungi ||
14. mlêk wadya Dipati Gêmbong Pasuruan | Sidapêksa nundhuli | Ngrênun lan Kalayar | wadyane sri atata | ing Pajrakan Wanasari | ngimbangi wadya | kudanira sêsirig ||
15. Adipati ing Bangil amêlak bala | Prabalingga têtindhih | wonge sru sudira | sura mangangah-angah | sang dipati nèng turanggi | anata bala | Sang Dipati Pêsagi ||
16. Răngga Danurdara angabani bala | Ki Arya Widandini | sumundhul sumahab | kang wadya sru sudira | ki tumênggung kang nindhihi | wus munggèng kuda | Sindura dèn payungi ||
17. gya sumambung sira Ki Răngga Durjaya | sawadya ati-ati | Dêmang Jathasura | wadyane sri atata | Tumênggung Binarong ngwuri | wahana kuda | samarga asêsirig ||
18. Dêmang Jaya Wilacipta ngrèh ing bala | nèng kuda asêsirig | lumarug lampahnya | Ki Salyarini Arya | sumundhul wadya ing wuri | Rêkyana Patya | Jarasada ing wuri ||
19. munggèng kuda pêlăngka bang ingaranan | pun modang tansah nirig | wadya sru sudira | sami wong warêg dana | sumundhul wadya ing wuri | wong anirbita | lawan wong tanpakering [ta...]
--- [f. 135r] ---
[...npakering] ||
20. martikosa jajar lan wong nyakrayuda | wisaprêcăndha kering | sisih langênastra | nata wus nèng dirada | pun pragăngsa myang turanggi | kinarung ngarsa | sèkêt tèji bra rukmi ||
21. Ki Pragalba nèng wuri sabaturira | lêpas lampahing baris | tan kawarnèng marga | mondhok Kapatrawangsan | pinarak Sri Narapati | ing Singasêkar | lan ari Pringgawèsthi ||
22. pêpak kabèh ingkang wadya balakoswa | têtarub sêsêk jalmi | busana na-warna | anglir wukir kusuma | kang gamêlan asrang muni | samya dhêdharan | wrata kabèh prajurit ||
23. wus linèlèr sakathahing pra punggawa | miwah mantri bupati | prajurit sêdaya | arta miwah busana | miwah tumbak lawan kêris | dardar[66] sang nata | bogasmara mênuhi ||
66. Asmaradana
1. busananing kang pra mantri | bauwarna pra bupatya | mangkya prapta Jabarênon | matur ing Sri Naranata | Pringgabaya patikbra | pasanggrahan sang aprabu | brastha katub ing pawana ||
2. angandika nata kalih | iya panggalêking lampah | lah ta wis muliha age | gustinira aturana | mulih mring Pringgabaya | ja pêgat mong sukèng kalbu- | ning sutane nini rara ||
3. Ki Jabarênon wus pamit | mangkya dhatêng Săntabaya | kajinêmane sang katong | lan utusan Singapuspa | aran pun Wangsèngtingal | lan kang ingutus rumuwun | aran Sandiprana prapta ||
4. wus kinèn matur mring aji | pukulun [pu...]
--- [f. 135v] ---
[...kulun] mêngsah padubra | sampun miyos sing kithane | kêrig sêdaya tan ana | kantun ing dalêm praja | praptèng watês mêngsah prabu | amondhok ing paninggahan ||
5. mêngsah paduka sakêthi | gangsal lêksa tigang sasra | angandika sang akatong | lah apa digawe gêlar | matur kang ponang duta | gêlar kêlasa ing ngayun | pangarsa jinajar wayang ||
6. gumujêng sang nata kalih | katon kadhike[67] wadyanya | madhani ingsun karêpe | wêdanane nora padha | misih awiyang ringwang | karêpe iku angamuk | lan bature sêsêliran ||
7. sakarêpe sun tadhahi | paran yayi mungguh sira | inggih dhèrèk kangmas katong | matur malih Sigramaya | pukulun raka Nata | Sonyawibawa tan tumut | sampun dening para putra ||
8. asênggak sri narapati | kacakup Sonyawibawa | apa ta baya karêpe | dènnya ngamungkên ing putra | suka sri naranata | yayi duganên ing kayun- | ira wong Sonyawibawa ||
9. matur Rajèng Singasari | botên andugi kawula | dene ratu pêksa kaot | kyana patih asru mojar | Sigramaya matura | mênawa sira angrungu | rêmbuge sri naranata ||
10. inggih dening putra kalih | anyar rawuh saking arga | angadèkakên kasêktèn | pami sang nata tumuta | tan eca amarentah | yêkti jrih nglangkungi kayun- | ipun sang sri naradipa ||
--- [f. 136r] ---
11. sang nata suka abêlik | apa baya kasêktènnya | baya mêngkene sêktine | wong sawiji katon sasra | pêksa Bêthara Krêsna | pan ingsun durung angrungu | wong mêngko yèn mêngkonoa ||
12. nadyan mêngkonoa pami | măngsa ta ingsun èrèpa | Jarasada awotsinom | pukulun sampun angina | sampun gêgampil yuda | yèn marêngi ri pukulun | Wisantara tinimbalan ||
13. mênawi radèn kang prapti | punikantuk kaluwihan | wadya dinulu dadyangèl | mila sae tinimbalan | rayi paduka nata | yèn Sri Wisantara rawuh | rinta kalih pan tumindak ||
14. punapa rinêksa kari | yèn Sri Wisantara tindak | prayogi kinathahan wong | satêguhane kang mêngsah | yèn kinathahan rowang | pasah ugi ingkang mungsuh | lan prang kêkah sugih rencang ||
15. wigugên sri narapati | dene cature ki patya | Pragalba kumêsar tyase | yèn kalakona sang nata | têtiga sami prapta | mêngkana ciptaning kalbu | yèn pêpak ratu lêlima ||
16. pêsthi yèn gustiku kontit | dera sru kakehan lawan | kewran dera mrih yogine | mangkya sang nata ngandika | yayi paraning karsa | Rajèng Pringgabaya matur | taksih ruwêd tyas kawula ||
17. Suwănda dinuk ing liring |
--- [f. 136v] ---
tur sêmbah Patih Suwănda | lêrês pun kakang ature | nanging kasompok ing karya | mênawi nuntên prapta | mêngsah paduka pukulun | nêmbah matur Tirtanata ||
18. yèn marêngi karsa aji | măncanêgari kewala | kang mêthukna ing yudane | prajurit Sonyawibawa | paduka angantosa | ing rayi dalêm pukulun | sang nata aris ngandika ||
19. ingsun durung amarêngi | tanggap matur Ki Pragalba | dasih tur pêjah gêsange | kamipurun tur prayoga | yèn paduka ngantosa | rayi dalêm katrinipun | sawulan măngsa pêpêka ||
20. padubra mindêl sêsasi | pêsthi dados panguntapan | winastan alit tyas katong | dados kang mêngsah agalak | wadyanipun tuk unggar | wondene abdi pukulun | ingkang mangah-mangah mênggah ||
21. ical sêrênging ajurit | wadya lit kathah lêleda | sawênèh têlas sangune | têlas panggrêguting laga | lan pangraos kawula | dening kang pêrang akuwur | tanbuh kanthi tanbuh mêngsah ||
22. sira Dipati Pêsagi | ing manah asmu bramatya | de Pragalba kumawanèn | umatur marang sang nata | sira sang adipatya | sugal matur ing sang prabu | yèn taksih wong Prabalingga ||
23. sampun paduka kuwatir | lah punapa kinajrihan | dene kêdhik mêngsah rajèng | ngamungna măncanêgara | mêthukna ing ayuda | kadi rêmêk ingkang mungsuh | eman-eman sih
--- [f. 137r] ---
sang nata ||
24. katuju sri narapati | sun tarima aturira | ya sun turut sakarsane | Dipati ing Prabalingga | saha atur pranata | angandika sang aprabu | yayi paran karsanira ||
25. nêmbah Rajèng Pringgawèsthi | inggih lêrês pun Pragalba | sampun kantênan yèn awon | yayi Prabu Wisantara | dados paduka bonggan | angêngathahakên mungsuh | latah kang raka ngandika ||
26. apa kang dadi kuwatir | pan sira amungsuh bocah | kang angadu padha rare | măngsa mantêpa waninya | sêmangsane mulata | ing gêtih padha lumayu | kang rayi atur prênata ||
27. lêrês pandugi kakang ji | pêngraosing tyas kawula | tiyang Pringgabaya mawon | mêngsah punika paragat | Sutali tanggap turnya | yèn marêngi karsa prabu | dadia cucuking yuda ||
28. kapranan sang nata kalih | mring Sutali myang Pragalba | iya katêmu ewuhe | kalangkung ingsun tarima | Pragalba aturira | lah yayi Suti[68] iku |[69] aja adoh lawan sira ||
29. Si Pragalba ngwuri mami | kalih wus pinarentahan | sami sandika ature | anulya sami ginanjar | busana lawan arta | nyakêthi sabaturipun | sira duma dèn wêrata ||
30. sira ingsun pitayani | sun andêlakên ing prana | aja têbih lawan ingong | liwat sih ingsun mring sira | kalih samya tur sêmbah |
--- [f. 137v] ---
anata ing baturipun | wadya kang anèng ing wuntat ||
31. sarwi sira andum picis | lah batur padha matia | sira anglakoning[70] gawe | kapranan sri naranata | myarsa linging Pragalba | patih ambudhalna laku | bala ja rusuh tatanya ||
32. dan têngara amêlingi | gurnada muni ping sapta | sri amyang kăndha-kandhane | umbul-umbul lir lêngkawa | gong bèri asauran | tan owah sajuru-juru | gandera awarna-warna ||
33. ya ta bubar măncanagri | lumampah baris ing ngarsa | tan ana dalan kang angèl | kalangkung suraning bala | alami sirèng marga | ya ta wus parêk lan mungsuh | sampun mondhok arêrangkah ||
34. kari lêlakon salingsir | wetan amangwang-winawang | mangkya rahadèn anyalong[71] | laku kalawan Sujalma | rema sinawur ăngga | kinoswa kalawan lêbu | akampuh wangunan luwas ||
35. pêdhang sampun sinungkêlit | anyangking arit anggawa | kranjang bêdadok kalihe | Sujalma dat prabeda |[72] kadya tingkahing bala | ngambil pondhok wus katêmu | lawan Sutali Pragalba ||
36. mêngko mênang gusti mami | dening wiwekèng ayuda | ngling radèn aja mêngkono | uwa luput ujarira | nora nana kawula | kuwasa anging Ywang Agung | ingkang murba ing satitah ||
37. kalih wus atur praniti | sakarsaning mungsuhira | tutug [tutu...]
--- [f. 138r] ---
[...g] Pragalba ature | têngêrane tinulisan | rahadèn angandika | uwa dèn prayitnèng kewuh | ingsun mantuk tata-tata ||
38. kalih samya atur bêkti | dhuh gusti dipun pracaya | pun uwa pêjah gêsange | katurèng paduka radyan | yèn tan lanang kang yuda | suka ajura rumuwun | kawula tan arsa gêsang ||
39. ngling radèn anêdha mami | ing sih pêkênira uwa | mugi winalêsèng Manon | lah uwis uwa kantuna | dyan mintar sarywa nêbda | Kakang Sujalma kalangkung | mungsuhira dening kathah ||
40. lawan tatane abêcik | kakang nora katadhahan | Sujalma alon ature | pan sampeyan kadi sarah | pundi kuwating sarah | dyan nêbda kakang tan luput | ya ta praptèng pasanggrahan ||
41. siniwèng bupati mantri | dyan nêbda para nayaka | mungsuh pêkênira akèh | aturing para bupatya | [...] | yèn dinulu anging lamun | tinimbang lan sih paduka ||[73]
42. mêngsah punika akêdhik | kirang kinaryaa lawan | rahadèn pangandikane | anêdha manira padha | lan sagung pra nayaka | manira nêdha jinurung | ing karya pisan kewala ||
43. tabe-tabe anglangkungi | ing karsaning pra nayaka | ing mangke idhêpên ingong | samya umatur sandika | lah sami milihana | ing bêbêcike wongipun | sowang-sowang dèn kêkêpa ||
44. mantri ingkang alit-alit | dèn anggènana [anggè...]
--- [f. 138v] ---
[...nana] kang mulya | dèn sèlèhêna ngarêpe | kang mèmpêr lan bupatinya | dèn samiyèng busana | ing saprênah-prênahipun | puniku anggêntènana ||
45. Man Mulyawêcana kalih | Paman Arya Jagalaya | Paman Mongwangsita trine | sakancane sapangiwa | undure ja kêtara | angiwaa paranipun | têmua lawung ayuda ||
46. wonge kang dipun simpêni | puniku dipun pangkua | de Wa Maospati karo | Paman Dipati Urawan | lan Man Răngga Wijaya | anêngêna paranipun | wonge padha dèn pangkua ||
47. anadene uwa patih | lawan Paman Amongyuda | Man Tampolas katêlune | ya wadyane dèn jujuga | kang sinimpên ing wana | sêdaya dèn sami emut | yèn wèntên[74] têngaraningwang ||
48. dèn sami prayitnèng wèsthi | wonge sami dèn jujuga | poma yèn mundur ing mêne | sampuning apanggih astra | ja kasêlak suminggah | mêne yèn sampun kaburu | sikêp pêkênira ngarsa ||
49. sami nalakupa saking | ngiringan rada kawuntat | dening yayi mas karone | nêlakupa saking kanan | dèn ungsia ing paman | dipati paman tumênggung | ingsun lan Kakang Sujalma ||
50. saking kiwa uwa patih | yèn ngungsi mêtua kiwa | dèn kadi puliran gone | dening wadya kang pangarsa | aja angitung muwah | sakarêp paran lumayu | nanging wadya sêsimpênan ||
51. dèn bêcik
--- [f. 139r] ---
astrane sami | tape dèn awug-awuga | ing tawok lawan parise | tumbakipun dèn akuwat | poma kang nitih liman | aja na age tumurun | yèn dèrèng rame kang yuda ||
52. aja maras aja ajrih | ing kono nora na bahya | pakewuh nora na kabèh | manira nêdha sakêdhap | netrane dèn rêmêna | malar ana jênêng ingsun | manira dèn bêbanaa ||
53. wadya sami atur bêkti | lan Si Paman Pêngalasan | lan Waduaji kiwane | padha dadia pamuntat | ingkang kaburu ing prang | poma ywa gugup lumayu | gènira rumêksèng wadya ||
54. kalih sami atur bêkti | ngling radèn rêtnaning yuda | wa patih sampun ungsume | ngambilana ingkang rangkah | dimèn mêngsah agalak | tumulya rangkah rinacut | wadya tan sêdya mundura ||
67. Durma
1. sampun aglar gêgaman Sonyawibawa | ngara-ara ngêbêki | tang-watang abayak | panah bêdhil ing ngarsa | sinalusuban ing lêmbing | pataping bala |
--- [f. 139v] ---
tinon tan kêna ngukih ||
2. panganggene kang wadyabala pangarsa | lir pendah parwatapi | tinon bra asinang | ingkang kulambi bapang | apan panganggening mantri | kanggèkkên bala | jamang lan anting-anting ||
3. bêbadhong mas kêkalung agêlang kana | sru gambiraning dasih | kadi singalodra | galak amăngsa jalma | samyambêk praya ngêmasi | tingkahing bala | kadya ge anrang wèsthi ||
4. lêlayu myang kilate kang kăndha-kăndha | lir pendah prawatagni | saha jajwa rêpta | satus walu lir detya | ingkang dadya glaring jurit | măngka mênggala | ingkang para dipati ||
5. pataping bala dharat langkung prayitna | duduk awor lan lêmbing | panah tawok ngarsa | watang ing wuri atap | sinêla lan gutuk api | kang nunggang kuda | sami anganan ngering ||
6. Radèn Wirasastra kang munggèng ing kanan | nitih turăngga kuning | ran pun sariyuda | agiwang suwarna bra | mênggêp dènnya nata baris | pataping bala | yitna tan kêna ngukih ||
7. kalih atus wadya kang munggèng turăngga | sami wadya ti-ati | sami sikêp watang | sami anyothe pêdhang | wong padha tate nrang wèsthi | padha lwat-alwat | wong tos tate tan titis ||
8. Ki Tumênggung Maospati munggèng kuda | putih pun kapiangin | mênggêp nata bala | kang sami anurăngga | pănca tus sami prajuri[75] | tusing prawira | tate angrurah wèri ||
9. Dyan [Dya...]
--- [f. 140r] ---
[...n] Urawan datansah anata bala | mênggêp nitih turanggi | pun dhêdhali rannya | cêmêng ulêsing kuda | kawan atus gunging dasih | ingkang nurăngga | sami wadya ti-ati ||
10. Mongwangsita mapan wus anata bala | nitih kuda giyanti | pun lagu wastanya | wadyane sri atata | kalih atus samya tya-ti | kang nunggang kuda | asikêp watang jinggring ||
11. dan Rahadyan Subêkti kang mugèng[76] kiwa | nitih turăngga abrit | ran pun rêtnayuda | rahab biludru rêpta | agiwang muncar rêtna di | tataning bala | rapêt tan kêna ngukih ||
12. kawan atus wadyanya kang nunggang kuda | Jagakarya nrang wèri | saha sikêp pêdhang | sami anyothe pêdhang | sinalusuban ing lêmbing | wong tau tatal | sumanggèng wrat tan wingwrin ||
13. Ki Tumênggung Mulyawêcana anata | wadya samya ti-ati | saha nitih kuda | abang ran pun pêcalang | gangsal atus gunging dasih | kang nunggang kuda | samyambêk praya mati ||
14. Kya Dipati Jagalaya munggèng kuda | ulês gula kabêsmi | pun muntab wastanya | tansah ngidêri bala | kawan atus kang nuranggi | samya prawira | kabèh pratamèng wèsthi ||
15. pan sumambung sira Ki Răngga Wijaya | anata ingkang dasih | saha nitih kuda | ulês dhawuk sèmbukan | ingaran pun udanriris | kawan tus wadya | ingkang munggèng turanggi ||
16. sira Ki Pangalasan [Pangala...]
--- [f. 140v] ---
[...san] wus munggèng kuda | tansah anata baris | ingkang munggèng kanan | Waduaji anata | baris nèng kuda sêsirig | wadya atata | tansah sira ngimbangi ||
17. ya ta Radyan Jayalêngkara nèng dhadha | lagi anata baris | anitih turăngga | cêmêng aran pun yêksa | arahab biludru wilis | giwang mulya bra | kumala wora-wari ||
18. mênggêp dènnya awastra kup pinêrada | lancingan panji-panji | cinitrèng suwarna | paningsêt cindhe rêpta | mênggêp kace mas sinuji | akrêmbalangan | makutha binuka sri ||
19. molahakên kuda angidêri bala | anggrêgut ponang dasih | mulat ing gustinya | manahira sangsaya | kadya ge-age nrang wèri | wong sèwu gungnya | samya tusing sinêkti ||
20. Dyan Sujalma mangkin wus munggèng kudanya | pun abrapuspa nirig | kalih atus wongnya | sami prayitnèng baya | tataning bala ngatya-ti | Sang Adipatya | Amongyuda ngimbangi ||
21. Kyana Patih Jayasănta nata bala | nèng kuda gula bêsmi | wigugên namanya | agêgiwang suwarna | wadyane sudirèng gati | kathahing bala | ingkang munggèng turanggi ||
22. sangang atus pan sami gambirèng laga | Kya Tampolas nambungi | anitih kuda bang | ingaran pun arina | wonge nurăngga rong biting | samyambêk praya | andhêndhêng ingkang baris ||
23. kang kinarya sêmange raja pinutra | busananya [bu...]
--- [f. 141r] ---
[...sananya] sinami | Wasihis namanya | mantri bagus taruna | wus kinèn anitih èsthi | Radyan Sujalma | wasta pun citrasami ||
24. sêmangira rêkyana patih awasta | Mrêtabăngsa Ngabèi | Radyan Wirasastra | pun Lungida wastanya | sêmangira Dyan Subêkti | ran pun Sumitra | tan anolèh ing wuri ||
68. Pangkur
1. nahan kawarna Sang Nata | Pringgabaya lan Rajèng Singasari | pinarak ing tarub agung | pêpêk para prawira | patih kalih wus munggèng ngarsa sang prabu | Pêsagi lan Tirtanata | supênuh mănca dipati ||
2. anggunêm gêlaring yuda | wus tinata sagung para bupati | eca ngandika sang prabu | kasaru praptanira | kajinêman kang pacalang munggèng cucuk | umatur saha prênata | gusti mêngsah dalêm mijil ||
3. ing ara-ara agêlar | sampun tata ningkah pasanging jurit | jinajar ringgit ing ngayun | mêngkêrakên bêngawan | wadyanipun tinata ing awug-awug | arapêt tan kenging bênggang | tinon lir singa lodra [lo...]
--- [f. 141v] ---
[...dra] mrih ||
4. ngandika sri naranata | lah ta yayi sira dèn ngati-ati | akèh padha ambêk lampus | matur Sri Pringgabaya | jrih punapa sokur yèn ambêka lampus | lah ta patih priye sira | mungsuh iki pan sathithik ||
5. nanging nêdya barêng lina | pan wus pêsthi yèn kacakup ing jurit | rêkyana patih umatur | lêrês dugi paduka | nging gusti yèn marêngi karsa pukulun | prayogi kinaruhunan | pinrih kêthêra kang ati ||
6. sampun sinungan akêmba | yèn marêngi nuntên tinunjang wani | yèn mêngsah rumiyin ngamuk | awrat sinanggèng yuda | dadya purun sêdaya sami anggrêgut | nadyan kêdhik bilih sura | sayêkti ambêbayani ||
7. ngling nata ya bênêr sira | ing sakarêpira sun turut patih | payo tumandanga gupuh | konên nêmbang têngara | dèn tataa wadya ingkang munggèng ngayun | wis padha sira bubara | ingsun kang nata ing wuri ||
8. nêmbah dipati sêdaya | wus ngabani ing prajurite sami | gya muni têngara umung | grêgut kang wadyabala | lir pendah kang kêtug kasapta srang umyung | kadi bêlah kang pratala | panjriting turăngga èsthi ||
9. muni têngaraning yuda | bêndhe ngangkang langkung dening mêlingi | gumuruh kang kalaganjur | têtêg kaya butula | suraking kang wadya kadi langit rubuh | kang wadya sura sumahab | nunjang lir
--- [f. 142r] ---
singa lodra mrih ||
10. muntab wadyèng Pringgabaya | anglir pendah sêgara tanpa têpi | ing ara-ara sumaput | wana gung sirna gêmpang | kambah dening kuda èsthi ludhês gêmpur | wus nêmpuh măncanêgara | anjêjêl wong Pringgawèsthi ||
11. datan nganti tinêngaran | anêrajang campuh kang ponang jurit | têngara tinêmbang kantun | padha wong warêg dana | dènira ge naur sihing gustinipun | mangkin wus kuwêl kang yuda | sênjata lir gêlap katri ||
12. kumêrug swaraning tinggar | miwah tiktak mariyêm gutuk api | lir gêlap sèwu abarung | surak wong Kapadhangan | wus campuh wong Rajêgwêsi Wirasantun | tan wangwang Amongwangsita | sawadyane anadhahi ||
13. tan ana sêdya mundura | campuhing kang wadya rok silih ukih | Waduaji gya tumêmpuh | kaalang tinêrajang | dan atulung Limbangan Balora nêmpuh | tandang Dipati ing Tuban | Dyan Urawan angabani ||
14. panah tawok myang kang tinggar | anglir wrêsa tibaning kang jêmparing | tan kewran wadya anggrêgut | kathah angrasa kirang | tandangira lir singa lodra manubruk | sudira mangangah-angah | pindha rasêksa non daging ||
15. suka tyasing kang prawira | ton ing mungsuh andhêndhêng mangêbêki | ngara-ara lir andanu | nora saya mirisa | anrang mungsuh manyarik matang anduduk | wadya ing Sonyawibawa | wus ginarujug ing mimis ||
16. Wirasari Kartasana [Kar...]
--- [f. 142v] ---
[...tasana] | wus katitih bupatine wus kanin | Kya Tirtanata sru bêndu | amêlêk wadyanira | wadyèng Japan ing Sidayu samyanggrêgut | Maospati wus uninga | tan wangwang sigra nadhahi ||
17. ya ta wus campuh kang yuda | bala dharat samyambêk praya mati | tan ana kang nêdya mundur | barêng duk manah mêdhang | têmpuh watang-winatang tan ana mundur | tinunjang kang nunggang jaran | amanah dipun jêmparing ||
18. campuh wadya ingkang kiwa | wus adangu dènnya rok silih ukih | Răngga Wijaya kinrubut | kalawan Pangalasan | wadyèng Gêmbong Pasuruan sarêng nêmpuh | ing Rênun lan ing Kalayar | Jagalaya anulungi ||
19. nanging sampun tinadhahan | campuhing kang wadya tan ana ajrih | ing Pajrakan Wanasantun | Sidapêksa Lumajang | lir gandarwa kang wadya sura manêmpuh | dèn byuk wadya ing Balitar | ing Sarêngat lan ing Bangil ||
20. sangsaya pangidhêpira | lir pendah sinugata sinatami | ing bêdhaya kang yu-ayu | saya egar aberag | lyan manumbak mêmanah busur-binusur | angrêjah wênèh manyangkrah | lir singa lodra krudha mrih ||
21. sawadyane Jagalaya | kadi yêksa ngamuk mangobat-abit | Dipati Klayar kapupu | mawut wadyèng Sarêngat | wong Balora lan wadyèng Wajak têtulung | Dipati Pêsagi duka | sigra amêlêk kang dasih ||
22. campuhing yuda pan kadya | kang samodra [samo...]
--- [f. 143r] ---
[...dra] riwut manêmpuh curi | Mulyawêcana Tumênggung | tan wangwang anêrajang | bêdhil muni lir pendah gunung atarung | sumrambah kukus sundawa | pêtêng pindha madya ratri ||
23. pati gagap kang ayuda | rukêt awor rok bănda silih ukih | Dyan Subêkti mlêk wadya gung | nanging wus katadhahan | dening Răngga Durjaya mêlêk wadya gung | lan Widandini anunjang | sawadyane angêmbuli ||
24. kalangkung marma ing nala | dan sirarya Tampolas mêlêk dasih | kang wadya sura manêmpuh | ring Tumênggung Sindura | wus tumêmpuh kang wadya sarêng anduduk | Răngga Danurdara nunjang | Jathasura angêbyuki ||
25. Kyana Patih Jayasănta | gya tumandang sigra amêlêk dasih | manah nglêmbing myang ambusur | kanggêk Ki Danurdara | duk uninga krudha Binarong Tumênggung | kang wadya sura manunjang | sênjatane tan ngobêri ||
26. Dêmang Jaya Wilacipta | parêng mangsah lan Arya Salyarini | sawadwa sura ambubul | Kya Patih Jarasada | krura mulat kang wadya pinêlak asru | tan sarèh langkung dukanya | atuding lawan jêmparing ||
27. kang wadya manrang sudira | kadi yêksa gumulung ngolang-aling | panah bêdhil kadi jawuh | radyan rêtnaning yuda | sigra mangsah sawadya sura manêmpuh | Menak Sujalma uninga | sawadyane anglancangi ||
28. sarêng duk ninggar amanah | sami sura rok bănda silih ukih | Kya Patih Suwănda sampun | marakakên [maraka...]
--- [f. 143v] ---
[...kên] wadyanya | Jagalatan manandêr sawadyanipun | lan Ariya Agrayuda | sawadya anunjang wani ||
29. Ki Tumênggung Pêksisinga | amlêk wadya sura mangrêjah wèri | Amongyuda Ki Tumênggung | apan wus kapênêtan | sru manyangkrah amatang ninggar anduduk | saya dadi gambiranya | karoban lawan ngajurit ||
30. Radèn Wirasastra tandang | anêrajang apan wus dèn dhingini | Kunangpasir pan atangguh | wadyane sru sudira | gya manyangkrah manyarik busur-binusur | Binarong sigra manunjang | tan ana kang ngucap ajrih ||
31. kadi umbaking udaya | kang prahara satêngah jalanidi | surak lir pendah galudhug | mariyêm kadi gêlap | campuhing kang punang yuda pan wus liwung | kang lêbu asru limutan | pêtêng kadi têngah wêngi ||
32. pati gagapi kang yuda | rukêt awor rok bănda silih ukih | liwat kang bêdhil lan busur | padha wong warêg dana | kang sawênèh pêdhot napase gumlundhung | tan wruh ing wuri myang ngarsa | mara ngabani ngajurit ||
33. sami lali ing sêmaya | dadi kukuh patêmuning ajurit | lêbu siniram ing marus | prakêmpa bumi molah | gênjot kang pratala gunung manggut-manggut | kang langit kadi kumêlab | lintange sami angalih ||
34. mangkya emut ing ubaya | kang prawira anglês padha gumingsir | lan simpênan wus cumundhuk | kang wadya wus tinata | nganan ngering apan wus kinèn nalakup [nalaku...]
--- [f. 144r] ---
[...p] | wadya kang sinimpên ngwana | sampun samya magut jurit ||
35. Mongwangsita pan karoban | sawadyane lir banthèng tawan kanin | sinasog ing watang ganjur | Ki Răngga Mongwangsita | wus kabranan angrasa prapta ing lampus | amicara jroning driya | mugyantuka sihing Widi ||
36. kang abdi dadia srana | mugi gusti lananga ingkang jurit | tulusa jumênêng ratu | dasih amit palastra | Ki Dipati Wirasari gya anglawung | Mongwangsita wus ngalênggak | ki dipati yun ngakahi ||
37. pan arsa sira tinigas | Mongwangsita marêngi wus angêris | ya ta kalih èwu sampyuh | Waduaji duk mulat | wus gumingsir kang wadya sami lumayu | dhadhal kang têngên sasaran | Waduaji anèng wuri ||
38. watang pan wus kinêthokan | de kawratan kapalayu kapipis | suraking mungsuh gumuruh | nglud wadya Pringgabaya | Waduaji nèng wuri kinèn angrutug | ing panah lêmbing lan tinggar | kadi prahara kang mimis ||
39. wadya ing Sonyawibawa | ingkang kiwa apan wus sirna ênting | têtindhih kathah kapupu | Pangalasan lumajar | ingkang dhadhal suh sirna gêmpang lumayu | surak kadi bumi bêntar | wong Singasari bêdhili ||
40. Waduaji Pêngalasan | wus kalingan angungsi ing wanadri | wadya lit wus sirna layu | sasisane kang pêjah | sumrêg wadya Pringgabaya Singasantun | kang wadya samyambêbandhang |
--- [f. 144v] ---
wus wudhar tataning baris ||
41. akèh warnaning bandhangan | gêlang kana kalung lan anting-anting | pangangge wadya kang lampus | kêris tuwin rasukan | myang sênjata waos pêdhang cara Wangsul | pangangge mantri bupatya | kang dèn ruruh dèn ulari ||
42. gaman dèn gawakkên rencang | bungah sayah weya padha rêrangki | sawênèh ana kang adus | ana angguyang kuda | padha suka arame tutur-tinutur | pan padha têbah-têbahan | tan nyana ngunduri wèsthi ||
69. Durma
1. wus tinêmbang Ki Jimat muni angangkang | kadi munya ing langit | umyang kang têngara | kumutug sangking wana | ngling Sang Prabu Singasari | lan Pringgabaya | paran wadine iki ||
2. lah madhêpa sakarine bala lunga | gya Pragalba tumrampil | matur sampun kagyat | têlik kawula wikan | punika damêl Tumasik | lan Sonyalaba | atandang ing narpati ||
3. jêng padubra kasor ing ayuda |[77] damêlipun Apatih | Tumasik lan Dêmang | Sonyalaba
--- [f. 145r] ---
ling nata | lah andhêgêna sakèhing | gêgamanira | kongkonana tumuli ||
4. warahên yèn ingsun wus mênang ayuda | tumanduk kang tinuding | kon padha mundura | singa mara tinumbak | kajêjêl sri narapati | kang ngamuk prapta | Pragalba angabani ||
5. sabature myang Sutali ngamuk rampak | kuwur wong Singasari | lan wong Pringgabaya | padha angungsi têngah | kadi tinêtêl kang dasih | tumbak tan kêna | rêbah bêndu sang aji ||
6. kinèn numbak wong ngarêp kang mundur dhêsak | ya ta dipun suduki | kang mundur wong ngarsa | pan tan kêna tinambak[78] | kajêjêl lawung wus mati | atêmu pundhak | dhadha rapêt lan gigir ||
7. rindhung awor kang pêrang kathah kang pêjah | dening rowang pribadi | ingkang sinudukan | kang ora kapisanan | padha malês anuduki | dadya ing têngah | prang lan rewang pribadi ||
8. kang nèng pinggir tinumbakan dening lawan | bingung wong Pringgawèsthi | tanbuh dèn ungsia | bangke susun atumpang | kadya numbaki cêcindhil | wadya ngasrama | pangamuke lir bêlis ||
9. tinumbakan tan malês wong Singasêkar | wong Pringgabaya tuwin | mara karo tangan | mantri angrêbut watang | iya dening tanpa kardi | tan kêna rêbah | yèn rêbah olih dasih ||
10. wusing olih rowang putung katêrajang | kaku tyasing prajurit | angabani bala |
--- [f. 145v] ---
sangêt tan kapiyarsa | ajêrit-jêrit anangis | swaranya pêjah | liwung anuduk dasih ||
11. apuyêngan ing têngah prang padha rowang | kaku tyas pra bupati | tumingal ing bala | dening tan kêna bênggang | punggawanira kèh mati | wong sêsêliran | patine tanpa kudhil ||
12. wong kinêrèn kang sami brêngos saasta | krura manaut rawis | nging tan kêna mangsah | kajêjêl dening rowang | abêlik-bêlik anangis | gobag-gabigan | brêngose dèn bubuti ||
13. Tirtanata mêmpêng dènnyarsa kiwula | lagya angingêr baris | yun mapan mundura | ingalang tinêrajang | dening wadya ing asrami | sira Nirpringga | anyrod marakkên dasih ||
14. ingkang munggèng turăngga sarêng nêrajang | amlêk Dyan Yudapati | anumbak anigas | pirang-pirang dhas kiras | măncanêgara kaguling | tan olih papan | kaplayu kapalipis ||
15. Kya Patih Suwănda kalulun katunjang | tumulya nêngah malih | duka sri nalendra | kang parêk pinêdhangan | kang wadya saya sru wingwrin | padha lumajar | mawur ngungsi ing wukir ||
16. pêtêng lêbu mêlêk kukus alimutan | surak mawanti-wanti | wong Sonyawibawa | sura mangangah-angah | amlêk malêpêk dènnya mrih | numbak anigas | duduk mêdhang myang ngêris ||
17. apuyêngan ing têngah tan kêna bênggang | kajuju sru kapipit [ka...]
--- [f. 146r] ---
[...pipit] | akèh mati tiba | kèdêk ing jalma kuda | wong kinêrèn akèh mati | dadi jarambah | yèn tiba tanpa tangi ||
18. pêgêl tyase kapipit tan olèh marga | arsa malês angukih | puwara katumbak | tanpa malês kang sura | kabèh mati tanpa kadhil[79] | kang wani padha | patine lan kang wêdi ||
19. apuyêngan gutuk api olih papan | wong kêtêl kang kagitik | ing sênjata lanang | murub ingkang rasukan | wong Singasari awingwrin | padha lumaywa | jurang jro kang dèn ungsi ||
20. sirna gêmpang wadya lit mangkin anglela | kari mantri bupati | amlêk kering kanan | wadyèng Sonyawibawa | kadi gandarwa non daging | mangangah-angah | Jayapati nglarihi ||
21. Ki Dipati Kapadhangan sru anggêbang | putung watang nari[80] kris | kya dipati matang | kudanira wus rêbah | Jayapati jog ing siti | dan Nawangdirja | kudane cinamêthi ||
22. Jayapati apan lagya linarihan | pupunira kang kêni | watange cinandhak | udrêg anarik pêdhang | Nawangdirja anglarihi | lambunge sayat | wus mêdhang Jayapati ||
23. sarêng niba Jayapati wus rinêbat | Dipati Ngrajêgwêsi | lagyarsa amatang | Nawangalun anggêbang | Nawangdirja anglarihi | pan tuna dukap[81] | baunira kang kêni ||
24. malês [ma...]
--- [f. 146v] ---
[...lês] matang ki dipati sampun sayah | Nawangdirja anangkis | baune dhêradhag | nanging wilur kewala | landhehane wus kinêmpit | sêndhal-sinêndhal | Limbangan anulungi ||
25. ki dipati pan lagya arsa amatang | Nawangalun nadhahi | adangu abênthak | Dyan Dipati Urawan | marma mulat mring kang rayi | sigra amatang | jajanira ngranuhi ||
26. Nawangalun amatang sêka ring kanan | sang dipati wus lalis | Arya Kartasana | pan sampun têmpuh yuda | adangu ukih-ingukih | Nawanglun matang | sang dipati anangkis ||
27. Ki Mas Tatag amatang sêka ring kanan | kagyat sang adipati | bau kang watgata | nanging maksih sudira | sang dipati amalêsi | Tatag winatang | Mas Tatag angranuhi ||
28. Ki Mas Gimêng uning kang rayi paltra |[82] kang rayi dèn kakahi | Arya Maospatya | langkung dening bramatya | tumingal kang putra lalis | ngêtab turăngga | pinêdhang sang dipati ||
29. tatas niba sang adipati palastra | Tirtanata Dipati | nêrajang sru matang | sigra tinangkis pêdhang | watang putung dados kalih | gya Tirtanata | sigra nyandhak kêndhali ||
30. narik katga Tirtanata amrêjaya | Maospati ngoncati | niba saking kuda | Mas Gimêng duk uninga | amatang anitir-nitir | datan tumama | nanging maksih tinitir ||
31. krudha Maospati nrang
--- [f. 147r] ---
matang ginêbang | tinitir Dipati Tir- | tanata kajêngkang | Maospati amêdhang | Tirta niba tangi |[83] jinambak Tirta- | nata dipun kakahi ||
32. datan pasah Tirtanata pinêdhangan | Mas Gimêng anulungi | sigra buwang watang | nyandhak suku rinujag | wus mati dipun suduki | Dipati Japan | amatang gya tinangkis ||
33. dening sira Nirpringga gêbang-ginêbang | dangu ukih-ingukih | Yudapati wikan | jinambak gya kalumah | Yudapati wus angêris | ya ta wus pêjah | surak lir karngèng langit ||
34. ingkang kiwa sira Ki Răngga Wijaya | sagra[84] amêlêk dasih | tandang lir sradula | galak amăngsa jalma | kang wadya angrêjah wani | Ki Adipatya | Wajak bêndu tan sipi ||
35. lir yêksa pangamuke kagila-gila | sing tinêrajang wingwrin | dan Jayamiruda | arsa sira amatang | ginêbang watange kontit | wus linarihan | pupune ingkang kêni ||
36. duk tumingal sira Ki Răngga Wijaya | ki dipati linarih | jajane watgata | niba lajêng palastra | Dipati ing Watuurip | matang sing kanan | Ki Răngga wus anangkis ||
37. sira Jayamiruda sigra amatang | lambunge wus ngêmasi | dan Jayamiruda | dheprok tan bisa lunga | wus rinêbut dening dasih | Răngga Wijaya | ngêmbat watang kumitir ||
--- [f. 147v] ---
38. Pangalasan adangu gêbang-ginêbang | Wiryaduta nglarihi | nanging datan prana | lêngêne ingkang kêna | Pangalasan anglarihi | cape wus rêntah | watange ki dipati ||
39. lajêng lina Dipati Tuban bramatya | amatang saking kering | Pêngalasan sayat | têtêpake kang kiwa | Bèrjaya sru anglarihi | sigra ginêbang | dangu ukih-ingukih ||
40. Simbarjaya amatang nging kadhinginan | winatang sing kering mring | Dipati Balitar | jaja kang kawatgata | Simbarjaya angêmasi | kang raka wikan | Jagalaya sru runtik ||
41. wus anduduk Dipati Balitar niba | Jagalaya linarih | mlèsèd mring cangklakan | udrêg sêndhal-sinêndhal | kêbat Bèrjaya nglarihi | Ki Adipatya | ing Tuban wus ngêmasi ||
42. tandang matang Ki Dipati ing Sarêngat | Jagalaya tan gingsir | dinuk sang dipatya | nanging datan rinasa | ki dipati matang nitir | kuda kang kêna | Jagalaya jog siti ||
43. gya winatang sigra tinangkis ing pêdhang | putung watang narik kris | Bèrjaya amatang | ki dipati kajêngkang | Jagalaya mêdhang nitir | kêrangkang-rangkang | Jagalaya ngakahi ||
44. wus lina ki dipati ginarok katga | Sidapêksa nulungi | amatang sing kanan | Jagalaya mrêgagah | Wiryaduta anulungi | winatang tatas | Sidapêksa ngêmasi ||
--- [f. 148r] ---
45. sarêng mangsah ing Rênun lan ing Kalayar | matang nganan angering | Kya Mulyawêcana | anandêrakên kuda | Singawêcana nèng ngarsi | lan Jawêcana | watangira kinincih ||
46. wus sinăngga Jayawêcana kalumah | tiba saking turanggi | Singacana matang | ing Rênun wusa kabranan |[85] ing Kalayar Sang Dipati | amatang sayat | Singawêcana mati ||
47. sira Jayawêcana pan sampun mapan | winatang Ki Dipati | ing Rênun palasta | ing Kalayar amatang | Kya Mulyawêcana nangkis | Jayawêcana | tangginas anglarihi ||
48. sampun niba Ki Dipati ing Kalayar | ing Gêmbong Sang Dipati | matang kadhinginan | ing Kya Mulyawêcana | jajanira trusing gigir | Gêmbong palastra | sru duka Ki Pêsagi ||
49. nandêr mangsah bêkik sarwi onclang watang | sêsumbar sang dipati | payo papagêna | prange wong Prabalingga | sarwi brêngose pinuntir | Jayawêcana | tan wangwang anadhahi ||
50. wus matang ginêbang putung kalarihan | jaja trus maring gigir | aniba palastra | dan Kya Mulyawêcana | myat Jayawêcana mati | kalangkung krudha | kudane dèn camêthi ||
51. sigra matang Pêsagi asru anggêbang | Mulyawêcana kokih | winatang kudanya | rêbah kuda palastra | Mulyawêcana gya tangi | winatang sayat | ki tumênggung ngêmasi ||
52. rinêbat ing wadya
--- [f. 148v] ---
binêkta lumajar | mawur kang wadya alit | Dyan Subêkti duka | asru amêlêk wadya | Dyan Sujanastra ngabani | wadya pilihan | tan ana tolih pati ||
70. Pangkur
1. Sang Dipati Prabalingga | olih papan ngadhangkrang muntir rawis | asumbar asru anguwuh | êndi maning rupanya | lah rêbutên Pêsagi madyaning pupuh | aja angadu wong kumpra | siji kang kaya Pêsagi ||
2. Kya Dipati Pasuruan | olih papan myang Dipati ing Curi | Pajrakan lan Wanasantun | prasamyambêk pralaya | sru sudira lir andaka kalêlatun | tan wawang Sujanasêstra | prajurite dèn abani ||
3. amlêk wadya pêpilihan | gya manunjang mêmanah ambêdhili | Sumacitra gya anduduk | Dipati Curi gêbang | gya winatang kêna kudanira lampus | Citrakusuma amatang | sang dipati ambarêngi ||
4. Citrakusuma wus niba | Citragada matang nanging katangkis | Ki Citrapati anglawung | Surapati wus ninggar | Ki Dipati Pajrakan sigra anglawung | Surapati sampun pêjah | surake awanti-wanti ||
5. Suradigdaya amatang | wus tinangkis dangu ukih-ingukih | Rangsangyuda gya anglawung | nanging datan rinasa | wus angamuk Ki Pragalba sangking pungkur | Sang Dipati ing Pajrakan | pinêdhang wus angêmasi ||
6. Kya Dipati Pasuruan | wus amatang Pragalba anadhahi | pinêdhang watange putung | sigra narik curiga | Sang Dipati [Dipa...]
--- [f. 149r] ---
[...ti] Pasuruan kinarubut | Brajasura sangking ngarsa | Brajapati saking wuri ||
7. Wiradigdaya sing kanan | Wirapati amatang saking wuri | Dipati Curi anglawung | Wirapati wus pêjah | Ki Pragalba anjambak saking ing pungkur | ginoco datan rinasa | ki dipati dèn kakahi ||
8. pêdhot ginarok ing pêdhang | Sang Dipati ing Curi wus ngêmasi | Kya Pasuruan linawung | dhatêng Ki Brajasura | sampun sayah cinandhak watang tinurut | Brajasura cinuriga | bêncah jajane ngêmasi ||
9. Kya Dipati Pasuruan | sigra matang Pragalba anadhahi | pinêdhang watange putung | kêbat narik curiga | Sang Dipati Pasuruan kinarubut | Brajasinga saking ngarsa | Brajapati saking kering ||
10. Wiradigdaya sing kanan | Brajapati amatang saking kering | Kya Pasuruan wus bingung | kinêracok ing kathah | Ki Pragalba amêdhang sangking ing pungkur | Kya Pasuruan wus lina | Radèn Panji Wirabumi ||
11. adangu gêbang-ginêbang | Dyan Panji Wiratantaha nulungi | Ki Dipati Wanasantun | lambunge kang winatang | kawatgata niba ki dipati lampus | Kya Dipati Prabalingga | Wirabumi dèn larihi ||
12. anangkis nanging kadhradhag | Radèn Panji Wirabumi tan eling | Wiratantaha anglawung | ginêbang kalarihan | jajanira Wiratantaha wus lampus | Rahadèn [Raha...]
--- [f. 149v] ---
[...dèn] Sujanasêstra | kudanira dèn larihi ||
13. dyan anjog saking turăngga | Tanpanaha amatang saking kering | binunwar[86] asru ngalumpruk | Radèn Sujanasêstra | duk amatang ginêbang watange sampyuh | Pêsagi anarik katga | Sujanasastra nadhahi ||
14. wus têmu padha prawira | nyandhak bênting rame agênti kêris | adangu suduk-sinuduk | Arya Tampolas wikan | gya amatang tinitir pamatangipun | Kya Pêsagi wus kajêngkang | Sujanasêstra ngakahi ||
15. astane kering anjambak | wus ginoco sêsalange mranani | Dipati Pêsagi lampus | Ki Răngga Danurdara | arsa matang ginêbang watang katanggung | Tanujiwa sru anggêbang | Arya Tampolas anglarih ||
16. Ki Danurdara wus lina | sira Arya Widandini mangukih | ya ta wus lawung-linawung | rame gêbang-ginêbang | Sewajaya amatang nanging katanggung | Sewayuda kalarihan | jajanira trusing gigir ||
17. sira Ki Jayasiyata | sru amatang lambunge amranani | Arya Widandini lampus | sigra Răngga Durjaya | gya amatang Ki Răngga watange bêngkung | sira Dêmang Jathasura | amatang saking ing kering ||
18. Kyana Patih Jayasănta | asru duka sigra dera nglarihi | jajanira Răngga lampus |
--- [f. 150r] ---
Jathasura amatang | sru tinangkis ki dêmang watange putung | Jayasiyata amatang | Jathasura angêmasi ||
19. sigra Tumênggung Sindura | sru amatang kyana patih nadhahi | ginêbang watang katanggung | dangu gêbang-ginêbang | Ki Binarong amatang kudane rubuh | kya patih dhawah sing kuda | Ki Sindura anglarihi ||
20. wêntise ingkang watgata | Sewatruna gustine dèn sungkêmi | Sewajaya sru angrêbut | sira Jayasiyata | kinakahan kang raka binêkta mundur | rajaputra langkung duka | Anirwèsthi angalangi ||
21. adangu watang-winatang | putung watang rukêt agênti kêris | Binarong matang sing ngayun | Gusti Prataliyuda | gya nêrajang Binarong amatang lambung | Prataliyuda angucap | payo anumbaka maning ||
22. Binarong malih amatang | waos bêngkung kêbat anarik kêris | Dyan Pratali anjog sampun | pan wus candhak-cinandhak | acêkêlan sabuk asuduk-sinuduk | kalihe sami sudira | panggocone wanti-wanti ||
23. Dyan Pratali gya andugang | wus kalumah jinambak ingkang wèni | pinêdhang jangganya rampung | murda kinarya onclang | Anirwèsthi adêdrêg watang wus putung | agêlut jambak-jinambak | Ki Sindura wus binanting ||
24. kalumah wus tinunggangan [tinung...]
--- [f. 150v] ---
[...gangan] | Ki Sindura ginarok wus ngêmasi | Dyan Sujalma miyarsa wus | yèn kang rama kabranan | asru duka Dyan Sujalma amlêk wadu | Patih Jarasada mulat | grêgut tan nêdya ngunduri ||
71. Durma
1. sru sudira Ki Apatih Jarasada | Nirbaya anglarihi | nanging tan rinasa | Nirbaya malih matang | winalês kudane mati | tiba karangkang | Nirbaya dèn larihi ||
2. datan pasah Nirbaya karangkang-rangkang | Prabala anglarihi | ginêbang klarihan | jaja kang kawatgata | wus tiba saking turanggi | kantu Prabala | pinindho wus ngêmasi ||
3. sru duka Dyan Sujalma ngêtab turăngga | Jarasada duk uning | tanya sapa ranta | yèngsun Menak Sujalma | Jarasada ngling nudingi | kapasang yogya | sarywa sru anglarihi ||
4. ginêbang ing kudanira kalarihan | Sujalmanjog ing siti | Sutali sru marma | amatang nging kagêbang | hèh culika sira mati | wus linarihan | Sutali gya anangkis ||
5. kadhêradhag lambunge nanging tan pasah | Ki Sutali kêbanting | Sujalma amatang | lambunge tan rinasa | winatang malih tinitir | sigra anggêbang | putung watange kalih ||
6. gya Sutali amatang tinangkis pêdhang | watange dadi kalih | sigra narik pêdhang | rukêt pêdhang-pinêdhang | Sutali wus kasuliring | tiba kajêngkang | Sutali dèn kakahi ||
7. Dyan Sujalma anjambak [anjamba...]
--- [f. 151r] ---
[...k] rema sinêndhal | patih tiba kêbanting | Sutali wus nunggang | sarwi anggarok[87] pêdhang | patih mati dèn suduki | raja pinutra | bêndu yayah sinipi ||
8. Dyan Dirgabau wruh dukane kang putra | sigra amêlêk dasih | Dêmang Jagalatan | numbak nigas manyangkrah | lawan Dêmang Kunangpasir | mangamuk rampak | tadhah Carangkintaki ||
9. sudira wus amatang pun Maodara | Kunangpasir anangkis | Jagalatan matang | jajane kalarihan | Singăndara anglarihi | sigra ginêbang | Kunangpasir nglarihi ||
10. sru anggêbang Carangkintaka winatang | Jagapanantang nangkis | Jagapati matang | Jayapangrangsang ngrêjah | Jagayuda anglarihi | Ki Jagalatan | kinracok dhowah-dhawih ||
11. Kunangpasir wus dangu gêbang-ginêbang | Trunasura linarih | Dirgabau matang | dhadhanira wus niba | Kunangpasir rojah-rajih | Arya Grayuda | Dyan Dirgabau nglarih ||
12. ginêbang nging kadhradhag dhadhane dhongkah | Arya Grayuda mati | Arya Lokabilwa | amatang saking kanan | Dyan Dirbau tan busik |[88] dan Ki Nirpringga | amatang saking kering ||
13. Lokabilwa babrak niba wus tinigas | Pêksisinga nglarihi | Krêtayuda gêbang | Kya Mongyuda amatang | pupune dhongkah jumpalik | Ki Krêtayuda | ngakahi sarwi ngêris [ngêr...]
--- [f. 151v] ---
[...is] ||
14. duk tumingal Rêkyana Patih Suwănda | Krêtayuda linarih | jajanira bêncah | bêndu Ki Amongyuda | amatang asru tinangkis | Patih Suwănda | tumulya anglarihi ||
15. wus ginêbang nanging kudanira kêna | Mongyudanjog ing siti | Yudapati wikan | Mongyuda ingalangan | Dyan Yudapati linarih | tadhah anggêbang | panggah datan gumingsir ||
16. wus cinandhak watange arêrêjêngan | Amongyuda numbaki | nanging tan tumama | lagyarsa narik pêdhang | Dyan Yudapati nglarihi | patih kajêngkang | Amongyuda ngakahi ||
17. sinêmbêlèh ing pêdhang Patih Suwănda | Yudapati numbaki | ajur kuwandanya | gêmpang wong Pringgabaya | tanapi wong Singasari | mangkya anglela | sang sri nalendra kalih ||
18. langkung duka Sang Nata ing Pringgabaya | merang yèn kari mati | baya pêsthiningwang | emut kang putra kênya | lah karia sira nini | muga ta sira | antuka sihing Widi ||
19. Radèn Dirgabau myat langkung sudira | sang nata dèn ayati | ginêbang malêsat | Dirgabau winatang | kanggêk wijange tan eling | tiba sing kuda | rinêbat ing wadya lit ||
20. Anirpringga sarêng mangsah kanan kiwa | lan Gusti Yudapati | Radèn Wirasastra | mulat kalangkung marma | ingkang paman dèn ampingi [am...]
--- [f. 152r] ---
[...pingi] | sigra Nirpringga | matang tiba kuwalik ||
21. Yudapati winatang asru anggêbang | kêna kudane mati | Yudapati tiba | Rahadèn Wirasêstra | ingkang paman dèn alangi | watang ginêbang | Yudapati nglarihi ||
22. kêna lambung nata nanging tan tumama | sang nata anglarihi | ing Dyan Wirasastra | kudanira kang kêna | rahadèn anjog ing siti | Dyan Yudapatya | kang putra dèn alangi ||
23. gya winatang Yudapati ambrêgagah | watang nata tinangkis | dhêradhag wêlakang | Yudapati kajêngkang | radèn sigra anglarihi | lambung watgata | amung cêcêp sanyari ||
24. dhawuh saking wahana nata palastra | Ki Salyarini nangis | matur ing Sri Singa- | puspa gusti arinta | Pringgabaya sampun lalis | suwawi pada | kula turi gumingsir ||
25. yèn marêngi pukulun suwawi nglêmpak | mring Wisantara ngungsi | lan narubkên wadya | tuwin rinta katiga | sang nata bêndu tan sipi | bribin si edan | tinumbak Salyarini ||
26. tanpa sambat sang nata malih ngandika | hèh ta Wilacita glis | umatura marang | gustimu pramèswara | warahên yèn ingsun mati | nanging ni rara | dibisa mamong[89] kari ||
27. lawan dhawuhana Si Burbanêgara[90] | pacuwan wêkas mami | poma ja anglawan | gustine dirêbuta [di...]
--- [f. 152v] ---
[...rêbuta] | lah wis ta ngrojoda aglis | ya ta wus mintar | mor lakuning pêkathik ||
28. kawarnaa Sri Nalendra Singapuspa | sampun angèsthi pati | baya wus karsèng Yang | lanange Sonyawirya | nadyan mêngkonoa ugi | ingsun tan arsa | karèh ing Sonyamurti ||
29. sru sudira Sang Nata ing Singasêkar | ngêmbat watang kumitir | payo papagêna | sapa kang arêp lina | êndi silih rupane Si | Jayalêngkara | payo rêbutên mami ||
30. duk miyarsa krudha dyan putra taruna | kudane dèn camêthi | Dyan Prataliyuda | langkung marma ing nala | Anirwèsthi andhingini | agya amatang | tiba sangking turanggi ||
31. Dyan Prataliyuda nusuli amatang | sang nata sru anangkis | watange kasingsal | sang nata gya amatang | Prataliyuda anangkis | nanging kudanya | kang kadhêradhag mati ||
32. Dyan Pratali wus tiba sangking kudanya | sigra Radèn Subêkti | amatang ginêbang | Pratali tangi matang | nanging datan angaèsi | asru binuntar | wijang kanggêk tan eling ||
33. asru marma rajaputra rêtnaning prang | tumingal mring kang rayi | sigra mênthang langkap | panah raras pratama | lir pendah Sang Wisnumurti | panah lumêpas | salang nata kang kêni ||
34. pan wus cape pangastaning waos nata | Dyan Subêkti nglarihi | jaja nata dhawah |
--- [f. 153r] ---
wus ngranuhi anglênggak | Dyan Subêkti anuruni | arsa tinigas | musna layon sang aji ||
35. sru prakêmpa gênjot ingkang maetala | pêtêng wiyat lir ratri | wrêsa păncawora | manggut-manggut kang arga | jumêgur ponang udadi | raja pinutra | rayi kalih kinanthi ||
1 | linggih. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: Yayi Subêkti lawan Sujalma. (kembali) |
3 | sikêp. (kembali) |
4 | nindhihi. (kembali) |
5 | sri. (kembali) |
6 | Biasanya guru lagu i: kathil. (kembali) |
7 | kangjêng. (kembali) |
8 | binokong. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: Kyai Răngga Durmuka anisihi. (kembali) |
10 | jêjêl. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: kya patih atur sêmbah. (kembali) |
12 | atur. (kembali) |
13 | Dewaji. (kembali) |
14 | rèhning. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: yèn kandêl kang abdi lagya anyar rawuh. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: nyata yèn mantêp asaguh. (kembali) |
17 | Kurang satu suku kata: sigra mangkat wadya gumuruh atri. (kembali) |
18 | Lebih dua suku kata: Sri Pringgabaya mring Singasari. (kembali) |
19 | sêmangke. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: maksih sru kumayuyun. (kembali) |
21 | Kurang satu suku kata: sri narendra myarsa aturing dipati. (kembali) |
22 | lorodan. (kembali) |
23 | Răngga. (kembali) |
24 | Ki. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: lèngsèr dipati kêkalih. (kembali) |
26 | Kurang tiga suku kata: kawarnaa ya ta uwus aluwaran. (kembali) |
27 | putrèngsun. (kembali) |
28 | Kurang dua suku kata: dèn ingêk ing rêringane. (kembali) |
29 | kêluruk. (kembali) |
30 | kondur. (kembali) |
31 | tinotog. (kembali) |
32 | kakung. (kembali) |
33 | miyos. (kembali) |
34 | Wirasastra. (kembali) |
35 | cêmêng. (kembali) |
36 | anggirisi. (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: galake anggêgirisi. (kembali) |
38 | tanbuh. (kembali) |
39 | pamedan. (kembali) |
40 | tindhihnya (dan di tempat lain). (kembali) |
41 | gangsal. (kembali) |
42 | mantri. (kembali) |
43 | ajrih. (kembali) |
44 | Pringgabaya. (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata: Singasari Pringgabaya karo niku. (kembali) |
46 | Kurang satu suku kata: mantri lawan prawira. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: Amongyuda kumur-kumura dhingin. (kembali) |
48 | Kurang satu suku kata: dados trênggulanging jurit. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: sêdayane sami muliha rahayu. (kembali) |
50 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: punapa gusti kang kinarya wêwangsul. (kembali) |
51 | pinilih. (kembali) |
52 | Kurang satu suku kata: sisih pun Jagasêkti. (kembali) |
53 | Kartayuda. (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata: wasta Ki Kartayuda lan Martayuda. (kembali) |
55 | Kurang satu suku kata: yèn tan ana parmaning Ywang gumingsira. (kembali) |
56 | siti. (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata: dadia nata. (kembali) |
58 | Kurang satu gatra: ke-4 (8i). (kembali) |
59 | krêsna. (kembali) |
60 | artine. (kembali) |
61 | dhêdhasar. (kembali) |
62 | Kurang satu suku kata: guna maring kabèh bangkit. (kembali) |
63 | maranjojog. (kembali) |
64 | kèsthi. (kembali) |
65 | Kurang satu suku kata: kyana patih kalih myang bupati. (kembali) |
66 | dhahar. (kembali) |
67 | kêdhike. (kembali) |
68 | Sutali. (kembali) |
69 | Kurang satu suku kata: lah yayi Sutali iku. (kembali) |
70 | anglakoni. (kembali) |
71 | anyolong (dan di tempat lain). (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: Sujalma datan prabeda. (kembali) |
73 | Kurang satu gatra: ke-5 (7a). (kembali) |
74 | Variasi: wontên. (kembali) |
75 | prajurit. (kembali) |
76 | munggèng. (kembali) |
77 | Kurang dua suku kata: jêng padubra kasoran ingkang ayuda. (kembali) |
78 | tinumbak. (kembali) |
79 | kudhil. (kembali) |
80 | narik. (kembali) |
81 | dungkap. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: Ki Mas Gimêng uning kang rayi palastra. (kembali) |
83 | Kurang dua suku kata: Tirtanata niba tangi. (kembali) |
84 | sigra. (kembali) |
85 | Lebih satu suku kata: ing Rênun wus kabranan. (kembali) |
86 | binuntar. (kembali) |
87 | anggorok. (kembali) |
88 | Kurang satu suku kata: Dyan Dirgabau tan busik. (kembali) |
89 | momong. (kembali) |
90 | Purbanêgara. (kembali) |