Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 14–34)
1. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 14–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 50–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 47v lanjutan] ---
14. Puh Rara Brangta[1]
1. barise Dipati Tubin | angliglag[2] anang payudan | dèrèng obah sabalane | saegane[3] lir dhawuhan | wadya ing Majalêngka | katêmpuh ing banjur[4] larut | kari lajêre kewala ||
2. kang pinangka lajêr sigih | Ki Adipati ing Tuban | arum syaraning kêndhang gong | agor-agor kapiyarsa | kadya rara karuna | anggubêd kang umbul-umbul | tandhane lamun kasoran ||
3. sigra tinêmpuh tumuli | Ki Ranggalawe ing Tuban | dening musuh sakathahe | sinurak [si...]
--- [f. 48r] ---
[Ilustrasi]
[...nurak] ambal-ambalan | wong Tuban mêtonana | dèn êdrèl bêdhil kumrutug | tan gingsir Dipati Tuban ||
4. amicara jroning ati | Ki Ranggalawe ing Tuban | sun sidhêp nora mangkene | bot-bote wong Majalêngka | kang wis mangku nagara | aboting wong dadi sêpuh | dadi kaliwon nêgara ||
5. sun têtêdha dewa luwih | aja kongsi dadi tawan | anak ingsun Prabu Wadon | muga ana ingkang nyangga | yudane Menakjiga | kumêbêh[5] mêdal kang êluh | Ki Ranggalawe ing Tuban ||
6. Ki Ranggalawe ing Tubin | ing dalu sira nupêna | kaya ana sawêcane | ana lêlayangan pêgat | anang ing kutha Tuban | ambure[6] kêdah mring luhur |
--- [f. 48v] ---
tinututan datan kêna ||
7. ana karasa ing ati | Ki Ranggalawe ing Tuban | atmajane lanang roro | awasta Radèn Buntaran | kalih Radên Watangan | adhuh nyawa anak ingsun | sira pisah lan si bapa ||
8. dèn bisa sira angabdi | marang Sang Prabu Wanodya | muga tulusa jênênge | kèngêtan putra satunggal | istri dèrèng akrama | Ni Sakati wastanipun | aja takèn ing si Bapa ||
9. kang karasa para rabi | duk anang ing pagulingan | amlasasih ing paturon | para sêlir kang kèngêtan | sami ayu kalintang | akèh karasa ing kalbu | Ki Ranggalawe ing Tuban ||
10. umatur pun Kilat Thathit | dawêg lengsar[7] ki dipatya | sampun sêja arêrêmpon | sakèhe mancanêgara | sami larut sadaya | kathah bopati kapupu | dening mêngsah ing bang wetan ||
11. alah dawêg lèngsèr gusti | bala dika wus kèsisan | i benjang yèn angsal rèrèh | yèn sampun kêkumpul bala | sakarine kang pêjah | lah sêdhêng gusti pinanggut | punika tur anglalondhan ||
12. mojar Adipati Tubin | pira larane wong pêjah | eman abêbrêngos lèmèt | adipatine wong Tuban | bagus tilar gêlanggang | pira larane wong lampus [lam...]
--- [f. 49r] ---
[...pus] | eman ngêploki badhaya ||
13. yèn ingsun lumayu jurit | mêdahe[8] wong Majalêngka | kaya mêngkono ujare | adipatine wong Tuban | têka tilar gêlanggang | wong diko[9] bapaning ratu | aku maning yèn wania ||
14. wruhanira Kilat Thathit | têgêsing mantri sujana | aja kaliru artine | têgêse mantri punika | gêmi marang wêwadhah | tri têtêlu têgêsipun | sapisan sêca lêgawa ||
15. kapindhone surèngpati | têtiga lila ing dunya | yaiku mantri têgêse | Ki Ranggalawe ing Tuban | yèn tilara gêlanggang | dudu mantri têgêsipun | eman mêngkua nagara ||
16. sakèhe balaku Tubin | yèn padha wêdi palastra | padha lumayua age | padha rêbuta koripan | noliha yaya[10] rena | mantri sadaya umatur | kawula tumut palastra ||
17. Layangkumitir anangis | Layangsetra asênggrukan | ngajak lumayu ature | mojar Adipati Tuban | kaya dudu prawira | anangis ngajak lumayu | angur sira kêkêmbêna ||
18. ing ngarsa padha bêdhili | ing Japan lan Pasuruan | ing wuri bala ing Gêmbong | panah pasêr lawan tinggar | dèn uluk-uluk lela |
--- [f. 49v] ---
tan gingsir dènira lungguh | Ki Ranggalawe ing Tuban ||
19. Ki Ranggalawe ing Tubin | eca linggih pinayungan | anonabuh[11] kêndhange |[12] agor-agor kapiyarsa | kadi istri karuna | anggubêd kang umbul-umbul | tandhane kinèn mundura ||
[Ilustrasi]
15. Durma
1. sampun mara Adipati Prabalingga | saha bala ngêbyoki | Dipati Cangcangan | Bandhung lan Pasuruan | Dipati Wajak Waturip | baris ing Tuban | lir karubuhan wukir ||
2. ya ta matur Ki Patih Juranggarawa | adhuh kyai dipati | paran ingkang karsa | wadya Tuban kèh pêjah | sawawi gusti apulih [a...]
--- [f. 50r] ---
[Ilustrasi]
[...pulih] | Dipati Tuban | bramatyane tan sipi ||
3. Adipati ing Tuban wus nyandhak watang | sigra nitih turanggi | waose ingikal | ingêmbat lir putunga | tandangira angajrihi | kadi badhaya | turanggane anyirig ||
4. pan dhawuk bang kudane Dipati Tuban | aran pun Sangupati | barancah sirignya | lamon binakta aprang | tautate nyokot kuping | nepak anujah | ora tumama mimis ||
5. prit anêbah gêlare Dipati Tuban | sura panggêh mangukih | apan tigang nambang | kèhe bala ing Tuban | ana baju sora-sari | agêgênderan | cêcêlana [cê...]
--- [f. 50v] ---
[...cêlana] rante wêsi |[13]|
6. pangamuke wong Tuban lir saradula | mangsêh agolong pipis | wong ing Prabalingga | ingkakang tinarajang | sumahab ingkang ajurit | rêbahing watang | lir galagah kabasmi ||
7. wastra caruk syaraning wong kadi gêrah | bêdhil norana muni | akuwêl ta sira | tanbuh musuh lan rewang | kadi gabah diintêri | lir pendah gêrah | sêsambate wong kanin ||
8. pan kalindhih yudane wong Prabalingga | rêmpuh akathah mati | Dipati Cangcangan | Gêmbong lan Pasuruan | saha bala anulungi | bala ing Tuban | panggêh tadan[14] gumisir[15] ||
9. rameni prang tanbuh musuh lawan rowang | rame asilih ukih | kadi singa korda[16] | pangamuke wong Tuban | si kaparag sirna ênting | ramening aprang | malah sêgara gêtih ||
10. wus kalindhih yudane wong Pasuruan | kapêlêk dening wari | anggêbyur ing toya | langi tunjang-tinunjang | akèh kalêlêp ing wari | bala ing Tuban | angamuk ngobat-abit ||
11. wus kalindhih yudane wong ing Cangcangan | kabutuh dening wari | pan ambyur sadaya | anglangi ting kurambang | ing bangawan susun tindhih |
--- [f. 51r] ---
ikang palastra | sami dipangan ruti ||
12. pangamuke wong Tuban lir saradula | pêdhang tamèng jamparing | busur lan sarampang | waos lawan sanjata | wong Tuban ngamuk mangukih | pan kadi yaksa | sabature wong Tubin ||
13. ana êwong madati ajrih ing toya | kandhêg pinggiring wari | bature angucap | pasthi cupakmu ilang | anulya tumurun ririh | inggêk ing toya | tan têlês cupak mami ||
14. sampun prapta anglangi anang pinggiran | cupake dèn dilati | pan sarwi anglemprak | anang pinggir bangawan | apan sarwi angrêrintih | angêmut cupak | nulya mêrangkang tangi ||
15. ana malih wong sampun nguntal kêlathak | nulya gêbyur ing wari | langi suraweyan | sawisira angucap | reyang yèn wus nguntal tai | najan sêgara | anglangia kêndhati ||
16. wong ing Japan tumpês arang kang agêsang | ingamuk ing wong Tubin | lir dendah[17] ampuhan | syaraning wong lumajar | kang mutung watang pribadi | ingkang sapindhah | ana malik kulambi ||
17. kawan dasa gêgabahane wong Tuban | matur pun Kilat Thathit | gusti ki dipatya | dawêg sami apapa
--- [f. 51v] ---
pan |[18] padha diangati-ati | dudu wadinya | mêsah bang wetan prapti ||
18. èsmu lêsêh Dipati Tuban ngandika | hèh sira Kilat Thathit | yèn wêdi palastra | padha lah lumayua | kalih dhuh gustiningwang |[19] sarêng anêmbah | kawula amit mati ||
19. Kilat Thathit
[Ilustrasi]
angêrapakên turangga | angamuk ambêk pati | mring wong Balangbangan | akèh prajurit pêjah | dèn kadhuwung diêbyoki | ana kang jagal | Kilat Thathit ngêmasi ||
20. Adipati ing Kincang asilih watang | lawan pun Sanggalangit | pun Juranggarawa | lan Adipati Japan | arame agênti kêris | sampyuh ing yuda | wong papat barêng mati ||
21. Adipati ing Tuban alon ngandika | ya sira Kilat Thathi[20] |
--- [f. 52r] ---
[Ilustrasi]
ingsun antènana | mêko ingsun abela | amangsêh sabala Tubin | angamuk rampak | sabalane wong Tubin ||
22. Adipati Tuban kênang gêgêlaran | Kotbuta anangkêbi | lawan Angkatbuta | saking kèri lan kanan | wus kênang ing gêlar supit | pating sulayah | wong Tuban akèh mati ||
23. Adipati ing Tuban pangamukira | lir banthèng tawan kanin | kadya saradula | galak amangsa sarpa | akathah kang angêmasi | bala bang wetan | nora nolih ing wingking ||
16. Pangkur
1. wong Tuban kinarya lesan | pan akathah wau kang nandhang kanin | prandene asoroh amuk | wantêrira wong
--- [f. 52v] ---
Tuban | aprasasat wau karubuhan gunung | tigang èwu ikang pêjah | kawan laksa anungkêbi ||
2. saking wantêre wong Tuban | nora nana ingkang mundur aurip | ana sambat gustinipun | ki dipati mundura | bala dika kang dadi bêbantên lêbur | gusti rêbuta koripan | patine kula nandhoni ||
3. mojar Adipati Tuban | balaningsun kabèh padha ngêmasi | angalangi jajaningsun | yèn ingsun lumayua | wêdi mati mangsa matia ping sèwu | mandah ucape wong kathah | ingaranan wêdi mati ||
4. Ki Ranggalawe ing Tuban | ngêmbat watang kudane alon nirig | payu kêmbulana ingsun | kabèh barênga mara | iya ingsun lajêre wong Majalangu | ingkang dipun baba-bapa[21] | marang Sang Aprabu Èstri ||
5. rêbutên de kadi boja | kêkudangên ingong dèn kadi èstri | mangsa tinggala palayu | dipatine wong Tuban | sigra nongklang angamuk jamange runtuh | apan sasmitane dewa | mundura ki adipati ||
6. para bopati bang wetan | para menak sadaya angêmbuli | pirang èwu kang angrutug | sinosog waos rampak | dipun êbyok ing ganjur lawan lêlayu | Ki Ranggalawe ing Tuban | turanggane angêmasi ||
7. nadyan kulita têmbaga | upamane abêbalunga wêsi | sungsuma gêgala rêmuk [rêmu...]
--- [f. 53r] ---
[...k] | wong binendrong sanjata | kadar pira kandêle ing kulit iku | Ki Ranggalawe ing Tuban | wêkasan tiba alinggih ||
8. Ki Ranggalawe ing Tuban | karepetan[22] wau tan bisa tangi | nora pasah kulitipun | sampun mutah ludira | ora obah Ki Rangga ika siluku | ora bisa jumênênga | ana kang mopor ing bêdhil ||
9. ana kang karasa nala | pyar sakala atmajanira istri | tanapi atmaja jalu | dening dèrèng akrama | lah karia pun bapa tumêkèng lampus | wong Tuban rêbutên ingwang | kunarpaningsun yèn mati ||
10. Ki Adipati ing Tuban | kasayahên nulya lèlèh ing siti | para dipati wus kumpul | padha rêbut kunarpa | kang sawanèh andhodhot-dhodhot ing dhuhung | wanèh nacag-nacag pêdhang | sawanèh angiris-iris ||
11. layone Dipati Tuban | didhadha ing dening para bopati | ususe diulur-ulur | kinalungakên kuda | para menak sadaya wêwêdhak marus | dèn kalungakên ing kuda | astane Dipati Tubin ||
12. ajur dipun cacah-cacah | kang sawanèh ditujahkên turanggi | saking puase kalangkung | para prajurit wetan | yèn dinulu kadya buta arêramu | layone Dipati Tuban | sinambêr ing dhangdhang putih ||
--- [f. 53v] ---
[Ilustrasi]
17. Dhandhanggula
1. upamane sêkar surèngpati | kunarpane Ranggalawe Tuban | rinajang prajurit akèh | ajur datan kapupu | ingêbyokan dening prajurit | ya ta mantri ing Tuban | kang sami lumayu | tigang dasa kathahira | tuwuk dadar tur padha ditêrimani | sirna ing takêr têdhak ||
2. ya ta kagèt sami aningali | yèn gustine kang rinajang-rajang | wau padha bali kabèh | sadaya soro[23] amuk | adhuh gusti tumut ngêmasi | ya ta wong tigang dasa | pangamuke liwung | wus sinosog [sino...]
--- [f. 54r] ---
[Ilustrasi]
[...sog] waos rampak | awêkasan wong tigang biting ngêmasi | samya atatu jaja ||
3. langkung bungahe Sri Narapati | Menakjingga Nata Balangbangan | asangêt pangandikane | Adipati ing Wangsul | samantrine aja na kari | angancika ing Daha | barisa atugur | para bopati sadaya | dêdimène ageris[24] Sang Prabu Èstri | asebaa mawongan ||
4. sakathahe kang para dipati | saha bala abaris ing Daha | pan sami nênêlukake | kocapa kang lumayu | tiyangira Dipati Tubin | lêlurah panakawan | tatune pêpitu | lumayu angêmban brana | wastanipun anênggih Ki Wangsapati |
--- [f. 54v] ---
[Ilustrasi]
lumayu rêrangkangan ||
5. kawarnaa Ki Layangkumitir | akalihan Radèn Layangsetra | lumayu sipat kupinge | lumayu rêbut cucung[25] | kuda ngêrap tiba kawalik | kuda nusup ing wana | akarsa binuru | angrungu abaning macan | awêkasan wong roro pating kalici | mangani kamêlaka ||
6. padha dipangan pating kalêdhis | malah asêm linu cangkêmira | kapirsa lutung abêkès | lumayu rêbut dhucung | sakalangkung kawuse wêdi | dinyana Angkatbuta | Kotbuta amburu | ulate ajulalatan | wus kapapag lawan mantri Majapait | kang arsa bantu aprang ||
7. pan sadaya padha dèn tuturi | dinartanan[26] yèn Dipati Tuban | kasambut ing ayudane | tuture blêkêtupuk | Layangsetra Layangkumitir | pan sarwi pandêlikan | gènnya apitutur | adipatine wong Tuban | ajur mumur kulite tan ana kari | lir sêkar gêgubahan ||
8. Layangkumitir sampun anitih | Layangsetra wus anitih [a...]
--- [f. 55r] ---
[Ilustrasi]
[...nitih] tundhan | punggawa Bali sakabèh | tan kawarnaa ing ênu |[27] lampahira Layangkumitir | samarga sêsandêran | kaya gea rawuh | arsa matur ing nalendra | yèn kang paman Ki Ranggalawe ing Tubin | kasambut ngadilaga ||
9. kawarnaa kang kari ing Tubin | garwanira Adipati Tuban | pinarêk kalih putrane | pramèsyari amuwus | wau dalu ingsun angimpi | katingal ki dipatya | kang magut prang pupuh | anunggang padhati sinang | kampuh seta gandane arum awangi | têka gêbyur sagara ||
18. Puh Lêbar Tanêm[28]
1. karsaningsun arêp milu | ingong ora dèn sukani | bangêt bêndune maringwang | kasêlêk ingsun atangi | mara radèn artènana | impèn kaya mau bêngi ||
2. muwah sakèh maruningsun | apan ora miji-miji | mara padha artènana | kaya impèn ingsun bêngi | para garwa kabèh mojar | boten wagêt angartèni ||
3. putra kalih alon matur | inggih ibu [i...]
--- [f. 55v] ---
[...bu] bodho mami | kados rama mênang aprang | sèkêmawon boyong putri | kawula amilih tawan | ingkang mênthêk-mênthêk kuning ||
4. kinarya sinau besuk | kang rada lênjang akuning | kang ibu gumuyu suka | miwah ikang para sêlir | Ki Wangsapati wus prapta | kagèt sagung kang ningali ||
5. prapta jêrogjog[29] malêbu | rungkung-rungkung Wangsapati | kagèt sawong dalêm pura | sami gita jroning ati | Ki Wangsapati karuna | radèn kalih disungkêmi ||
6. pan sarwi nangis angguguk | sira wau Wangsapati | ramandika sampun pêjah | Kiyai Dipati Tubin | kasambut ing adilaga | tinangkêban dening baris ||
7. salirane ajur mumur | rinajang sagung prajurit | kadi sêkar gêgubahan | akathah ingkang ngêbyoki | Adipati ing Praguna | kalih Adipati Bali ||
8. Ki Adipati ing Bandhung | saha bala saha mantri | Adipati Tunggarana | saponggawa ngêbyoki |[30] dhuh anggèr rama andika | ajur tan ana kang kari ||
9. pan siwêg anêmbe campuh | rama dika ki dipati | kala punika ambêdhag | anabrang dhatêng ing rawi | bopatine wong bang wetan | akathah dipun pêjahi ||
10. campuh tingtigane[31] iku | rêmpuhe
--- [f. 56r] ---
e bala ing Tubin |[32] sampune katur sadaya | King[33] Wangsapati ngêmasi | radèn kalih aris mojar | marang êmbane sawiji ||
11. kaki bêcik kang na iku | wèhna reyal satus iki | wèhêna ing anak garwa | kinarya prabeya iki | sampunira binêcikan | ing dalêm gumuruh nangis ||
12. para garwa lir pinusus | kang tangis lir gêrêng muni | syarane umyang wurahan | sakathahe para rabi | anangis aniba-niba | para sêlir kontrang-kantring ||
13. anênangis lulur suku | sêsambate amlasasi[34] | sarwi rontok-rontok rema | gustiku ki adipati | ikang eman ing kawula | têmahan mati ajurit ||
14. tangise garwa panggulu | gustiku ki adipati | wêlut dawa ing dharatan | sapa kang sun kawulani | gustiku ki adipatya | dega[35] tilar marang mami ||
15. garwa panêngah anggulung | nangis alusar[36] ing siti | gustiku ki adipatya | dening têka tilar jangji | dhuh gustiningsun pangeran | ora bisa ingsun kari ||
16. garwa kang pangapit iku | panangise lir sundari | sêsambate amlasarsa | gustiningsun ki dipati | kêmbang biru rêrentengan | têka klêng kula gusti |[37]|
17. tangise garwa waruju | syarane lir kilang muning[38] | sêsambate amlasarsa | piniyarsa mêlasasi | wadung pari dika kang |[39] kaniaya [kania...]
--- [f. 56v] ---
[...ya] gêlis mati ||
18. Ni Ranggalawe amungun | pan ora bisa anangis | lampahe agêntoyongan | êluhe dipun usapi | asiluku ing jarambah | sukune dipun uruti ||
19. rahadèn kalih winuwus | samana miyos ing jawi | siwêg amêpêk gêgaman | sakarine bala Tubin | ikang padha bocah bangal | kang asring matèni margi ||
20. gêntho Tuban sami rawuh | ingkang sami ngalap gajih | maring Rahadèn Buntaran | wus sami dipun lèlèri | sarta sabusananira | waos pêdhah[40] lawan bêdhil ||
21. gunging bala gangsal atus | wus satata sami baris | anèng alun-alun Tuban | radèn wus nitih turanggi | jajar lawan arinira | cêcongklangan dipayungi ||
22. angèntèl Ki Dêmang Gathul | anitihi kuda èstri | anjogjog anang ing wuntat | kêlambine jubah putih | sarwi anyuriga gobang | sêsamak pating kaluwir ||
23. sanggawêdhinipun bungbung | punang kêndhali pênjalin | sêsarunge salang bêjad | kêkêmbang momohan wari | èbèg iyan bêbosokan | ambêne oyod waluling ||
24. ulês napas kudanipun | sikile cidhêk[41] saiji | babak nurut ula-ula | ulêre pating palêtik | lalêr wilis atut wuntat | dhangdhang angalup ing nginggil ||
--- [f. 57r] ---
[Ilustrasi]
19. Dhandhanggula
1. kawarnaa Prabu Majapait | apan lagya sineba ing wadya | Patih Logêndèr ngarsane | Ki Layangsetra rawuh | miwah sira Layangkumitir | matur mring sri nalendra | majêng awotsatun[42] | pukulun atur kawula | rama dika Ki Ranggalawe ing Tubin | kasambut ngadilaga ||
2. lêbur balane tan ana kari | kunarpane pan têlas nrinajang[43] | rinêbut prajurit akèh | Dipati Daha lampus | Adipati Jigan ngêmasi | Adipati ing Rêmbang | ing Jipang kapupu | Dipati Lasêm palastra | sami tumpês sagunging para dipati | bala rêmuk sadaya ||
3. atanapi mantri-mantri Majapait |[44] kajinêman pan rêmpuh sadaya | kang mundur kabranan kabèh | sadong [sa...]
--- [f. 57v] ---
[...dong] sanjata lampus | Sabuk Giwang ngêmasi pati | Sabuk Tampar palastra | Sabuk Alu lampus | Sabuk Balungbang palastra | Sabuk Wangan Ki Sabuk Lêsung ngêmasi | Sabuk Tampar palastra ||
4. Sang Prabu Kênya pan asmu tangis | amicara ing jro nalanira | adhuh paman Ranggalawe | kaya ngapa katèngsun | sapa baya yogya tinari | aduwe wang atuwa | apuwara lampus | katuwone awak ingwang | Ratu Èstri nora kèringan ing bumi | angur baya matia ||
5. ora nyana ingsun ora ngimpi | lamon si paman têkèng palastra | pan sun kon jênêngi bae | têka asoro amuk | apuwara paman ngêmasi | ilang paman dipatya | rasane tiningsun | sapa baya kang tinaha | ora nde bêdhah kitha Majapait |[45] adhuh lae si paman ||
6. sakèh ponggawa ing Majapait | kang rangguyut ing jêjenggotira | kang sakêpêl babêrngose | ingkang agêng alulur | têlas kabèh padha ngêmasi | ya ta kang amiyarsa | wong ing Majalangu | aloyop babrêngosira | sami geris nalane kari samênir | ajrih ing Menakjiga [Mena...]
--- [f. 58r] ---
[...kjiga] ||
7. warnanira ki rêkyana patih | langkung piyas tan darbe ludira | aloyop dêdêlêngane | angandika sang prabu | wau dhatêng rêkyana patih | lah bapa undhangana | sapa wani magut | ing yudane Menakjingga | lamun bangkat ingsun darbèni punagi | gêdhe ganjaran ingwang ||
8. jumênênga Nata Majapait | apan wênang gêlung kêkêlingan | manira angêpèk bae | yèn anom dhasaripun | isun aku susudara wèdi |[46] tuwa sun aku bapa | iya jangjinisun | sakèhing mantri ponggawa | tadhah runtik ngaturakên pati urip | ajrih ing Menakjingga ||
9. angandika Sang Aprabu Èstri | apan ingsun ora milih jala | padha undhangana kabèh | ora idhêp wong dhusun | atanapi sikêp pakathik | miwah kumbah karakah | asal wani magut | ing yudane Menakjingga | nora pilih anaking cukit adulit | asal ambangkat karya ||
10. atampaa kitha Majapait | lagi eca gènira ngandika | kasaru ika dhatênge | Ni Ranggalawe [Rangga...]
--- [f. 58v] ---
[Ilustrasi]
[...lawe] rawuh | nora kandhêg sarwi anangis | matur mring sri nalendra | yèn lakine lampus | sri nalendra angandika | ingong wikan bibi yèn paman ngêmasi | sampun karsaning dewa ||
11. Rêtna Sakati lara anangis | sêsambate pan amêlasarsa | anungkêmi ing padane | pun rama sampun lampus | anglampahi karya narpati | sapa kang ngilènana | sang nata amuwus | yayi karsaning bathara | witning ingsun aputêk rasaning ati | dening paman palastra ||
12. angandika Sang Aprabu Èstri | dhingin si paman duwe nak lanang | kaya kêmbar [kê...]
--- [f. 59r] ---
[Ilustrasi]
[...mbar] ing warnane | Ni Sakati umatur | apan sampun magut ajurit | ambelani pun bapa | bakta bala sèwu | si bapa sampun palastra | awêkasan si adhi belani pati | sapa sun tingalana ||
13. angandika Sang Aprabu Èstri | paman Arya Sêsimping miyanga | gawaa mantri dèn akèh | poma gawanên mantuk | Si Buntaran aja ajurit | kalawan Si Watangan | boyongan mantuk |[47] masih rare bisa apa | yèn matia sapa kang duwèni Tubin | sapa kang gêntèni paman |[48]|
14. sampun mangkat Ki Arya Sêsimping | pan ambakta mantri kawan dasa | apan wong sèwu sikêpe | kapaksa kesahipun | wus ngadhaton Sang Prabu Èstri | pramèsyari ing Tuban | anèng pura sampun |
--- [f. 59v] ---
karasa trêsnaning priya | Prabu Èstri kang bibi dèn pituturi | sampun karsaning dewa ||
15. Prabu Kênya angandi aris |[49] sampun dinangu paman dipatya | ikang utama patine | utamane wong kakung | lamun mati marga ajurit | sineba ing jawata | syarga kang tinêmu | sanadyan ginêdhongana | yèn pinunggêl marang bathara kang luwih | sapa ikang malanga ||
16. ênêngêna kang tansah anangis | kawarnaa Rahadèn Buntaran | tansah kalawan arine | êmbane Dêmang Gathul | apan saking Lumajang dhingin | lagi anom prawira | nanging sampun sêpuh | sadalan dènnya karuna | gustinipun tansah ingaturan mulih | kalih radèn amaksa ||
17. sakathaha kang mancanagari | wêwêngkone praja Majalêngka | pan sami têluk sakabèh | i Menakjingga suyud | wus kaprentah Dipati Bali | Bandhung lan Tunggarana | bêbarisan tugur | kadi ombaking samudra | sampun ngancik Orawan Dipati Bali | kerut mancanêgara ||
18. pan sadaya pan sami abaris | adhêpira maring Majalêngka | pan wong kidul têluk kabèh | kawarnaa ing ênu | lampahira rahadèn kalih | sami andanêr[50] nongklang | kaya gea têmu | kalawan bopati wetan | kawarnaa
--- [f. 60r] ---
[Ilustrasi]
praptane Arya Sêsimping | lanan mantri Majalêngka |[51]|
19. Arya Sêsimping mêgati ngarsi | sigra rinangkul radèn kalihnya | adhuh putraningsun radèn | lah dawêg radèn wangsul | ingandikan dhatêng narpati | aja sira apêrang | anggèr anak ingsun | dudu karsaning nalendra | radèn kalih bramatya sarya nauri | apa gawe mundura ||
20. Durma
1. alon mojar satriya kalih ing Tuban | benjang yèn ingsun mati | ya kunarpaningwang | aturêna nalendra | yèn maksih gêsang ya mami | mangsa puruna | arsa puliha gêtih ||
2. sakathahe ingkang angrajang si bapa | dèrèng lêga kang ati | yèn dèrèng karajang | dening asta kawula | angur tumêkaa pati | milu si bapa | dening dêlap aurip ||
3. dèn tongtona mangke manira apêrang | lêlancure wong Tubin | yèn tilar galanggang | dèn sosoga ing wuntat | dudu têrahing prajurit [praju...]
--- [f. 60v] ---
[...rit] | kinarya apa | lamon wêdia mati ||
4. alon mojar wau Rahadèn Watangan | kakang payu apulih | kawula ta kakang | bubuhana sapindhah | sun cacake wong ing Bali | lêga kang manah | age gêntia kêris ||
5. asru mojar wau Rahadèn Buntaran | mring êmbane tumuli | iya bapa dêmang | sakèh bala ing Tuban | aja na milu ajurit | iwang[52] priyaga[53] | surakana sing wuri ||
6. lamon ingsun lumayu gon isun aprang | sakèhe bala Tubin | aku patènana | sosogên ganjur atap | parandene ingsun urip | mundur ing rana | dudu trêhing prajurit ||
7. lamon aku katriwandhan ngadilaga | yèn tatu gigir mami | buwangên sêgara | yèn ingsun tatu jaja | aturêna ing narpati | kunarpaningwang | nyata anak prajurit ||
8. dudu aku anake Dipati Tuban | yèn ora kongsi mati | kang rajang si bapa | arsa ingsun walêsa | atandhinga ing ajurit | sigra karuna | rama gawanên mami ||
9. êmbanira Ki Dêmang Gathulathul karuna |[54] radèn dipun tangisi | Mantri Majalêngka | angadhangi sadaya | dèn rêrarampa [rê...]
--- [f. 61r] ---
[Ilustrasi]
[...rarampa] radèn kalih |[55] arahe samya | ginawe mundur mulih ||
10. pan karuna satriya kalih bramatya | kinipatakên aglis | mantri ting palêsat | ana tiba kalumah | ana kang kongsêk[56] kawalik | ana kang singsal | ana tiba kapesasing |[57]|
11. Dêmang Gathul dhasar êmban wus atuwa | kinipatakên aglis | tiba jumpalikan | tai nurut wadidang | konthole katunggak siji | trijilan ilang | kari kajêpit ngêpring ||
12. Dêmang Gathul angucap sarwi karuna | konthole ditangisi | adhuh dadi apa | bojoningsun wêruha | kapanggih kajêpit ngêpring | nulya dèn untal | jangla têmên ko iki ||
--- [f. 61v] ---
13. wus anitih turangga Radèn Watangan | waose duradasih | Rahadèn Buntaran | wus anitih turangga | sarwi sikêp waos biring | tangguhe jigja | maju rana sêsirig ||
14. radèn kalih angêrapakên turangga | sakèhe bala Tubin | watara sanambang | sadaya padha surak | kadya karêngê kang baris | Radèn Watangan | sêsumbar sarwi nangis ||
15. ya ta kagèt ingkang abaris ing ngarsa | Adipati ing Bali | lawan Tunggarana | Adipati Praguna | ing Bandhung baris marapit | miwah Lobawang | pêpêk para dipati ||
16. pamrihipun Sang Prabu ing Balangbangan | mila kinèn barisi | saking ing kadohan | pamrihe Menakjingga | gerisa Sang Prabu Èstri | malar karsaa | alaki ing narpati ||
17. sampun prapta rahadèn wadyaning[58] rana | ngandika radèn kalih | êndi bapa dêmang | barise wong bang wetan | lan barise wong kang balik | lah karuhêna | enake ingkang ati ||
18. Dêmang Gathul sigra jojogakên jaran | tan asuwe wus prapti | matur ing rahadyan | ingkang kilèn punika [puni...]
--- [f. 62r] ---
[...ka] | barise mancanagari | lamon sêmbada | tirajang tumuli |[59]|
19. malak mandar yèn mênanga dadi rewang | andika radèn kalih | katuju mênanga | musuh wong têtêlukan | lawan wong mancanagari | batur priyaga | angur Dipati Bali ||
20. ala[60] payu padha suraka sadaya | pasangên tunggul mami | sigra wus pinasang | kanginan kadi kilat | surak lir karungu langit | bala bang wetan | kagètira tan sipih ||
21. panyanane para bopati bang wetan | dipun nyana ki patih | miyosi ayuda | Patih Logêndèr ika | anulya rinangsêg wani | bala bang wetan | angarutug ing bêdhil ||
22. Dêmang Gathul sigra marakakên bala | sarya nitih turanggi | Rahadèn Buntaran | langkung dènnya bramatya | wong Tuban dipun buntari | aja na pêrang | padha tongtonên mami ||
23. nang wuria sakabèh padha suraka | mundur bala ing Tubin | saksana rahadyan | sarêng nyamêthi kuda | waos ingêmbat kumitir | kuda adhehan | sêsumbar radèn kalih ||
24. iya iki anake Dipati Tuban | kêmbulana ajurit | anèng adilaga | iya padha prawira | aja na ngadu wong cili | padha prawira | ingkang uwuwus [uwu...]
--- [f. 62v] ---
[...wus] amukti |[61]|
25. rajaputra kinarutug ing sanjata | kadya udan kang mimis | angamuk manêngah | lir banthèng kabarana[62] | si kapurug bubar ngisis | tiyang bang wetan | kang panggêh akèh mati ||
26. pangamuke kasasar ing ganjur rampak | wau satriya Tubin | kadi panjangputra | sinosog ngalang-alang | malèsèd nora nêdhasi | wong Tunggarana | kang wêdi mungkur sami ||
21. Pangkur
1. syaraning bala kabranan | pan arame lir udan sinamèni | akèh watang padha putung | rame pating garopak | endhe kantar katujah turangga rêmuk | syarane sêbrak rêkatak | braja putung ting kalêncring ||
2. anênggih satriya Tuban | karo pisan kêbat cukat tarampil | tatag tangginas tur têguh | singa têbah
--- [f. 63r] ---
[Ilustrasi]
winatang | singa parêk sami dipun goco têrus | akèh lumayu kabranan | ingkang panggêh akèh mati ||
3. mawur bala ing bang wetan | wadya Bali kang pagêh akèh mati | wong Tunggarana lumayu | wong ing Bandhung lumajar | pan akathah mantri bang wetan kapupu | satriya kalih ing Tuban | saya wantêr ing ajurit ||
4. mara sarwi asêsumbar | iya iki lêlancure wong Tubin | iya êndi rupanipun | kang angrajang si bapa | iya payu age kêmbulana ingsun | Ki Menak Jayamiruda | bramatya Dipati Bali ||
5. angêrapakên turangga | ngêmbat watang asru dènira angling | lumayua sira kulup | pan sira maksih bocah | yakti eman aja milu bapakamu | mèsêm Rahadèn Buntaran | age ilokêna mami ||
6. yèn ingsun [ing...]
--- [f. 63v] ---
[...sun] lumayu aprang | mandahane dêdungike wong Tubin | kang padha suwêng mangungkung | anake pêpêrdikan | yèn sun liwat manglong-manglong padha dulu | ing mêngko ingsun mundura | yèn êndhasira kacangking ||
7. Jayamiruda anumbak | pan akêbat Radèn Buntaran tangkis | Radèn Buntaran anuduk | lambung kiwa kang tatas | kang curiga nêrus lambung têngênipun | Jayamiruda aniba | palastra Dipati Bali ||
8. satriya kalih ing Tuban | wus tumurun saking luhur turanggi | apan samya ngunus dhuhung | kêbat sira rinajang | radèn kalih sampun awêwêdhak marus | sigra anitih turaga[63] | angikal watang ngajrihi ||
9. Adipati Prabalingga | sakalangkung bramatyane tan sipi | mara sarwi ngêmbat lawung | dhapur biring wadonan | asêsirig kudanira dhawuk ruyung | apanggih ayun-ayunan | mara sami anudhingi ||
10. hèh ya kulup lumayua | sira maning yèn nyanggaa mring mami | bapakamu ajur mumur | ora nangga maringwang | wis muliha aja milu bapakamu | mèsêm Rahadèn Buntaran | sarya kudane anyirig ||
11. yèn aku lumayu aprang | mandahane dêdungike wong Tubin | kang padha suwêng mangungkung |
--- [f. 64r] ---
anake para Menak | yèn sun liwat manglong-manglong padha dulu | mêngko ingsun mundur aprang | yèn êndhasira kêcangking ||
12. sira Rahadèn Watangan | anarajang wau saking ing wuri | tinumbak lambunge têrus | Dipati Prabalingga | kasayahên ginêbang watange runtuh | aniba saking turangga | ki adipati ngêmasi ||
13. rinêjahakên ing kuda | wus tumurun wau saking turanggi | rahadèn angunus dhuhung | sami dhodhèta kunarpa |[64] rajaputra sampun sira ngikal pusus | kinalungakên ing kuda | wus marêm rasaning galih ||
14. satriya kalih ing Tuban | pangamuke lir banthèng tawan kanin | akathah mantri kapupu | tanapi para menak | wong bang wetan kang katrajang mawut-mawut | apan ta sami lumajar | wong Tuban surake anjrit ||
15. ingungsêd saênggonira | angsal bêdhag wadyabala ing Tubin | bala bang wetan lumayu | sakarine kang pêjah | apan geris yèn bopatine kapupu | ya ta Ki Patih Kotbuta | lan Angkatbuta ngajoni ||
16. sampun anitih turangga | sikêp watang kudane cinamathi[65] | kudane anandêr asru | sampun ayun-ayunan | ya ta mojar Ki Patih Kotbuta asru | iya pêraranakan[66] [pêra...]
--- [f. 64v] ---
[Ilustrasi]
[...ranakan] Tuban |[67] anututa sun talèni ||
17. aja sira milu aprang | sira maning yèn anyagaa[68] mami | eman rupamu abagus | balikan ibunira | aturêna age dhumatêng sang prabu | nuli jêjaluka pisan | ing pamanamu narpati ||
18. mèsêm Rahadèn Buntaran | besuk mundur yèn ingsun uwus mati | yèn maksih urip katèngsun | kaya mangsa awèha | rasakêna pêpanggile kangjêng ibu | Buntaran sigra anumbak | ki patih tiba kawalik ||
19. tiba karungkêb ki patyah | nulya tangi narik pêdhang tumuli | Buntaran anarik dhuhung | rama silih marjaya | ya ta tugêl pêdhange ki patih sampun | Patih Ko
--- [f. 65r] ---
[Ilustrasi]
Patih Kotbuta malêmpat |[69] palayune lonjong mimis ||
20. sigra Patih Angkatbuta | maju rana nyongklang bari nudhingi | sarwi sira ngêmbat lawung | bocah sapa ranira | radèn kalih amèsêm sarya amuwus | ingsun bocah bêbanthengan | putrane Dipati Tubin ||
21. Patih Angkatbuta ngucap | sira nyawa patut goa nak mami | ibunira ingsun jaluk | randhane Rangga Tuban | sira bêcik dadia kêwalon ingsun | kadingalêma si bapa | ingsun wèhi jaran cilik ||
22. mèsêm Rahadèn Watangan | iya ingsun asu anjêjaluki | dèn prayatna sira asu | tampanana dèn enggal | mêngko
--- [f. 65v] ---
tatas pêpanggile kangjêng ibu | Watangan sigra anumbak | ki patih tiba kawalik ||
23. anangkis nora kasumbang | Angkatbuta karungkêb anang siti | nulya malêmpat lumayu | sabature sêdaya | sami mire sakarine ingkang kantun | bêndera lêlayu rêbah | bala Tuban anututi ||
24. wontên mantri Balangbangan | Menak Pusêng ingkang maju ajurit | cinêkêl ing Dêmang Gathul | apan sampun binanda | sampun katur dhatêng radèn ngarsanipun | radèn kalih wus tumingal | ana kasmaran ningali ||
[Ilustrasi]
22. Asmaradana
1. radèn kalih ngandika ris | kaki sapa rika banda | dening dèn gawa marene | ki dêmang nauri sabda | inggih atur kawula | awon-awon inggih musuh | sun kintên inggih lêlurah ||
2. radèn kalih anauri | apa ta amrihe baya | ri turakên maring ngong |[70] apan iku wong wis tuwa | mêsakakên ta bapa | Ki Dêmang Gathul umatur | igih[71] radyan wontên uga ||
3. bilih punika udani | prênahe rama aandika[72] [a...]
--- [f. 66r] ---
[Ilustrasi]
[...andika] |[73] kala rinajang pranahe | mohal yèn botên apriksa | wantu wong Bêlangbangan | rahadèn kalih amuwus | bênêr kaki aturira ||
4. saparane iku kaki | kya dêmang alon aturnya | Ki Menak Pusêng arane | kalane siwêg nonoman | asring mêjahi marga | rahadyan kalih amuwus | payu kaki tuduhêna ||
5. ing ngêndi ênggone iki | rama natkala rinajang | Ki Menak Pusêng ature | inggih punika rahadyan | gorda kang kidul wetan | pêjahe rama sang bagus | kinêmbulan ing ngakathah ||
6. rahadèn nulya lumaris | gorda ingkang anèng têngah | wus prapta marang
--- [f. 66v] ---
ngandhape | êgone[74] kala rinajang | Ranggalawe ing Tuban | kumênyut sarêng andulu | sitine posak-pasikan ||
7. satriya kalih ing Tubin | sampun mudhun sing turangga | andras[75] mijil ing waspane | siluku anang pratala | sambate lir wanodya | lah rama gawanên isun | pêjah gêsang lawan rama ||
8. Ki Dêmang Gathul ngaturi | dhuh radèn sampun mangkana | sampun ta karuna radèn | yèn ta mêgihing[76] satriya | anglampahi karuna | sampun ginugu kang lampus | ing pati mangsa bêbakal ||
9. andika radèn kalih |[77] iya kaki bênêr ika | payu ingambil tilase | rahadyan kalih angalap | tilase ingkang rama | ing siti kinukup sampun | lêcat bêkase kang rama ||
10. agêmêt sami ingambil | kunarpane ingkang rama | rêmuk kabèh bêbalunge | lêpake rinajang-rajang | ginêbugan ing kathah | wus munggèng tabêla sampun | radyan kalih angandika ||
11. mantrine wong Majapait | kaki iku rika gawa | padha muliha diage | kungnarpa[78] rika candhia | kabèh mantri [ma...]
--- [f. 67r] ---
[...ntri] muliha | ingsun tan arsa umantuk | arsa mangsêh Prabalingga ||
12. ingong arsa magut jurit | sukur isun lamon pêjah | arsa tumutura ingong | iya marang kangjêng rama | matura Prabu Kênya | yèn ingsun laju prang pupuh | lan amitêna palastra ||
13. Ki Dêmang Gathul anangis | gustinipun sinungkêman | adhuh gustiningsun radèn | lah dawêg mantuk bêndara | sampun mring Prabaliga | kawula tan purun mantuk | pêjah gêsang lan rahadyan ||
14. alara dènira nangis | sêsambate ngaru-ara | lodhong pêcah awak ingong | samperate ingkang manah | mangsa kula tegaa | galudhug asal sing wadhuk | suka tut wuri kewala ||
15. saparane sun tut wuri | balung godhong awak ingwang | nadyan ingsun supamine | nadyan dipun gêgêthika | dening andika radan[79] | siwur sumur radèn bagus | sampun raba dika cakra ||
16. liyane andika gusti | ngalangêna ngujurêna | ingsun êmong lagya jêblèng[80] | sukan mulih kiyambêkan | bok ingsun dinumbangan[81] | dening iku wus ajambul | awêdi yuda kanaka ||
--- [f. 67v] ---
[Ilustrasi]
23. Pangkur[82]
1. Arya Sêsimping samana | rajaputra kalih dipun gondhèli | lah radèn suwahi[83] kondur | ngandikan Prabu Kênya | apa dene kunarpa kapanggih sampun | lajêng dhatêng Prabalingga | sangêt kawula adhangi ||
2. yèn dika pêjah ing rana | mandahane mantri ing Majapait | dinukanan ing sang prabu | sadaya tinêlasan | inggih dawêg rahadèn sawawi kondur | dhumatêng ing Majalêngka | ical sêsêkaring Tubin ||
3. kasaru susulan prapta | utusane Sang Prabu Majapait | Menak Giyanti ranipun | lan mantri kawan dasa | lêlancara[...] | [...] | [...] ||[84]
--- [f. 68r][85] ---
[Ilustrasi]
4. sambate bala kranan |[86] sambat bapa dhuh biyang aku mati | syarane watang kang putung | asri pating garopak | endhe kantar katujah turangga rêmuk | swarane sêbrak rêkatak | braja putung ting kalêncring ||
5. anêgih[87] satriya ing Tuban |[88] karo pisan kêbat cukat tarampil | tatag tangginas tur têguh | singa adoh winatang | singa parêk sami dipun goco têrus | ingkang lumayu kabranan | ingkang tanggo[89] akèh mati ||
6. mawur bala ing bang wetan | wadya Bali akèh kang angêmasi | wong Tunggarana lumayu | wong ing Bandhung
--- [f. 68v] ---
lumajar | wadyabala Walèri sadaya larut | putra kêkalih sêsumbar | rêbutên putra ing Tubin ||
7. satriya kalih sêsumbar | êndi ta lah ingkang nyimaki mami | êndi si rupane iku | ingkang rajang si bapa | sakathahe lah payu tandhing prang pupuh | Ki Menak Jayamiruda | bramatyanira tan sipi ||
8. angêrapakên turangga | sikêp watang asru dènira aling | lumayua sira kulup | pan sira maksih bocah | yakti eman aja milu bapakamu | mèsêm Rahadèn Watangan | age ilokêna mami ||
9. yèn ingsun mundura aprang | mandahane dêdungike wong Tubin | kang padha suwêng mangungkung | anake para menak | mêko mundur yèn uwis nyangking êndhasmu | Jayamiruda anumbak | Radèn Buntaran atangkis ||
10. arame gêbang-ginêbang | sira Radèn Buntaran anangkisi | Rahadèn mangke anyuduk | anrus ikang curiga | lambung têngên nêrus lambung kiwanipun | Radèn Watangan anumbak |
--- [f. 69r] ---
[Ilustrasi]
ing jaja nêrus ing gigir ||
11. Jayamiruda aniba | radèn kalih sigra têdhak turanggi | cinacag-cacag ing dhuhung | lir sêkar gêgubahan | radèn kalih sampun awêwêdhak marus | rinêjahakên ing kuda | saking panase kang ati ||
12. Dipati Bandhung bramatya | maju Radèn Menak Jayapralagi | anitih turangga dhawuk | sarwi asikêp watang | maju rana Radèn Watangan jinujug | asru dènira anumbak | Radèn Watangan atangkis ||
13. Jayapralaga angucap | bapakamu aku kang amatèni | bapakamu ajur mumur | sun kêrubut wong kathah | sira Radèn Watangan alon amuwus | iya ingsun patènana | ilokêna rama mami ||
14. yèn ingsun mundura aprang | mandahane dêdungike wong Tubin [Tubi...]
--- [f. 69v] ---
[...n] | atmajane para êmpu | kang sinjang cindhe kêmbang | yèn sun liwat manglong-manglong padha dulu | mêngko ingsun mundur aprang | yèn êndhasira kacangking ||
15. Menak Pralaga amêdhang | nanging Radèn Watangan tan gumingsir | kadi prênjak polahipun | pinêdhang ora kêna | kêbat cukat dipun tujah-tujah luput | ya ta Ki Menak Pralaga | jarane kongsêb kawalik ||
16. akêbat Radèn Watangan | dyan sinuduk jajane trus ing gigir | Radèn Buntaran pan asru | anggoco lambung kiwa | apan nêrus dhatêng lambung têngênipun | tatune arang kêranjang | Menak Pralaga ngêmasi ||
17. ajur dipun cacah-cacah | dipun tujah-tujahakên turanggi | ususe diulur-ulur | kinalungakên kuda | asêsirig asumbar anguwuh musuh | Dipati Walèri mangsah | Radèn Watangan nadhahi ||
18. arame tumbak-tinumbak | wus katumbak Adipati Walèri | êndhase tinigas sampun | sira Radèn Watangan | pangamuke Rahadèn kalih wus liwung | prajurit [pra...]
--- [f. 70r] ---
[...jurit] ing Balangan |[90] ingkang tanggoh akèh mati ||
19. ingkang lumayu kabranan | sakathahe kang wontên têpis wiring | dèn amuk sadaya larut | angungsi Menakjingga | ingkang baris sing Daha sampun ingamuk | ingkang lumayu kabranan | ingkang tanggoh akèh mati ||
20. ing Daha wus kaliwatan | sigra prapta têngahing wana linggih | ing prênahe ikang lampus | Ranggalawe ing Tuban | soring gorda arêsik nora na juk |[91] êgène[92] kala rinajang | Ki Ranggalawe ing Tubin ||
21. kunarpane ikang rama | dagingira sajuwing ora kari | tosane kapanggih rêmuk | Ranggalawe ing Tuban | kinukupan munggèng tabêla pan sampun | rahadyan kalih karuna | tabêla dipun sungkêmi ||
22. Radèn Buntaran ngandika | Paman Arya Simping muliha dhingin | paman aturêna gupuh | layone kangjêng rama | rika matur yèn ingsun laju prang pupuh | durung lêga ikang manah | yèn ora sampun kacangki[93] ||
23. murdane Si Menakjingga | rika matur dhumatêng Prabu Èstri | yèn isun asoro amuk | marang Si
--- [f. 70v] ---
[Ilustrasi]
Menakjingga | sigra bubar Menak Sêsimping umantuk | rahadèn kalih samana | baris tinarajang wani ||
24. Ki Angkatbuta tumingal | tandangira marang rahadèn kalih | anulya pinapag sampun | kapanggih yun-ayunan | aprang ijèn arame buru-binuru | pan samya abênthak watang | putung waose ki patih ||
25. Ki Angkatbuta tinumbak | ang Ki Kotbuta tinumbak tiba kawalik |[94] atangi nuli lumayu | Angkatbuta kajêngkang | rasa lara palayune rêbut dhucung | satriya kalih ing Tuban | angoyok malêtêr wani ||
26. pun Angkatbuta [Angkatbu...]
--- [f. 71r] ---
[Ilustrasi]
[...ta] lumajar | pun Kotbuta lumayu lonjèng[95] mimis | rahadèn kalih amburu | ngêrapakên turangga | Dêmang Gathul sarya jojog tumut buru | jimbul-jimbul[96] jaranira | sarya jojog kang turanggi ||
27. radèn kalih asêsumbar | anoliha Angkatbuta sadhidhik | payu kêmbulana isun | iya putra ing Tuban | iki silih lêlancuring Majalangu | iki bêbanthengan Tuban | kasmaran ingkang ningali ||
24. Asmaradana
1. warnanên sri narapati | apan lagya sinewaka | pêpêkan ponggawa kabèh | pan kasaru praptanira | Angkatbuta Kotbuta | umatur dhatêng sang prabu | putrane Dipati Tuban ||
2. kêkalih prapta mariki | asoro
--- [f. 71v] ---
[Ilustrasi]
amuk kewala | sami prawira kalihe | tan pasah dening bêraja | wadya dalêm kèh pêjah | Dipati Bali kêsambut | Dipati Walèri pêjah ||
3. Dipati Bandhung ngêmasi | tan wontên magapuliha[97] | kalangkung dening saktine | putrane Dipati Tuban | langkung dening prawira | Ki Menakjingga arungu[98] | kalangkung bramatyanira ||
4. jajanyabrit kadi gêni | têngêre yèn mawi duka | Ki Menakjingga wuwuse | pacuhan aja na mapag | marang anake Tuban | dimène prapta maringsun | mêko sun adune kumbang[99] ||
5. tan antara nulya prapti | pan sarya asumbar-sumbar [asumbar-...]
--- [f. 72r] ---
[Ilustrasi]
[...sumbar] | putra kalih panangtange | kaya apa warnanira | aran Si Menakjingga | payu atandhi[100] prang pupuh | ya ingsun putra ing Tuban ||
6. Ki Menakjingga sira ling | lah padha sira mirea | dimone prapta marene | radèn kalih sigra prapta | ngarsane Menakjingga | pan sarwi angikal lawung | Ki Menakjingga tinumbak ||
7. winaosan wanti-wanti | eca linggih pinayungan | asuka gumuyu bae | prandene makpa[101] anumbak | putung lawunge sigra | rahadyèn[102] nuli anuduk | dhuhunge wus kalih pisan ||
8. ginoco awanti-wanti | Ki Menakjingga angucap [angu...]
--- [f. 72v] ---
[...cap] | uwis nututa rahadèn | ingsun gawe anak sira | radèn kalih karuna | amaksah[103] panudukipun | Ki Menakjingga angucap ||
9. alah uwis aja nangis | putraningsun jêjaluka | têka ngumahe biyange | Ratu Ayu Majalêngka | anake dinukanan | iya apa kang dèn jaluk | kulup karo aja montha[104] ||
10. langkung sakit ikang galih | Radèn Buntaran Watangan | ginoco tênggêknya anggrok | Radèn Buntaran cinandhak | kalih Radèn Watangan | asta kiwa têngênipun | rahadèn tan bisa oba[105] ||
11. pêdhange sampun tinarik | rahadèn arsa tinigas | pun Dayun alon ature | dhuh gusti sampun mêngkana | ur[106] dika gêsangana | punika duluring ratu | lamon punika pêjaha ||
12. pasthinipun ambelani | Prabu Èstri Majalêngka | alêng gêsangana age | angur dika kasihana | malar dadia trêsna | ratu ayu Majalangu | pasthi yèn sohan panduka ||
13. punika lamon ngêmasi | pasthine suduk salira | dados rêbut pesan kosong | dening [de...]
--- [f. 73r] ---
[Ilustrasi]
[...ning] têka cuma-cuma | Menakjingga angucap | ya bênêr Dayun aturmu | angur ingsun uripana ||
14. manawa dadya pêngasih | marah Sang Prabu Wanodya | juputên kunjaraningong | salahên[107] ing pêpungkuran | poma sira raksaa | ya ta kinonjara sampun | Radèn Buntaran Watangan ||
15. warnanên êmbanirèki | Dêmang Gathul was tumingal | pramana lamon gustine | cinêkêl ing Menakjingga | ya ta sigra lumajar | Dêmang Gathul wus lumayu | sêja mantuk Majalêngka ||
16. atur uning Prabu Èstri | yèn rayinira kacandhak | kasasar dêmang lakune | nênggêl ardi Wilis sira | ya ta ana kocapa | gantia ingkang winuwus | kadi madu pinasthika ||
--- [f. 73v] ---
[Ilustrasi]
25. Dhandhanggula
1. ardi Wilis wontên wong pratapi | akêkasih Ajar Amongbrangta | kalangkung dening saktine | ya ta adarbe sunu | jalu èstri kasihirèki | Rahadèn Menak Koncar | warnane abagus | kang èstri ayu utama | akêkasih Rêtna Ayu Rarasati | wong ngusi ing Lumajang ||
2. asalipun tiyang sami ngusi | pan sêdaya sêlir para garwa | Dipati Lumajang mangke | ramanira wus lampus | kalah pêrang lawan Sang Aji | Menakjingga prawira | tan purun anungkul | Ki Menak Koncar punika | milanipun [milani...]
--- [f. 74r] ---
[Ilustrasi]
[...pun] minggah dhatêng ardi Wilis | tan purun anungkula ||
3. langkung simpar dhusun ardi Wilis | patapane pan asri kawuryan | asri ing têtandurane | sêkan-sêkaning[108] gunung | pan atembak kêncur lan sunthi | wêrsa lawan kêcombrang | sêsukuning gunung | wuluh lan pênjalin tingal | godhong kêji agêlar pigiring margi | pêtung tumêyut toya ||
4. bêbanjaran patapane rêsik | kêlapane lawan pucang dênta | apelag pêpêthetane | cêngkir lêgi ing pungkur | jêram mirah wohira dadi | jêruk bokor ajajar | jêruk butun miyut | manggis pijêtan lan duryan | angêmohi pagagan asri papering | jagung canthèl pinggiran ||
5. rinambatan ing kêkara gajih |
--- [f. 74v] ---
kêkara mas lan kacang gadhingan | amiyut kacang gêleyor | waluh sêmbawa dulur | waluh bokor wohira dadi | pala kasimpar aglar | dinulu kayungyun | kaluwih lawan sarangan | pêtamanan sêkare dinulu asri | munggèh têpining toya ||
6. cêmpakane anglayap tulya sri | gambir mêlathi lan sumanarsa[109] | rêgulo mêrit gandane | anjrah kang tunjung tutur | puspitane asri angrawit | sami jinalatundha | sulanjana agung | sinêlanan nagapuspa | pinggir sêndhang linepa ing bata putih | ya ta Ki Menak Koncar ||
7. kawan dasa kajinêmannèki | gêgawane gêgawane saking ing Lumajang |[110] sami wong wantêr manahe | siwêg sami bêburu | ya ta kagèt miyarsa tangis | Dêmang Gathul karuna | sêsambate asru | angucap Ki Menak Kocar[111] | timbalana tan antara sigra prapti | Dêmang Gathul karuna ||
8. Dêmang Gathul tinakonan aris | pêgènira lah paman karuna | Ki Dêmang alon ature | mila kawula mungun | gusti kula kawon ajurit | kacêkêl Menakjingga | mila kula mungun | putrane Dipati Tuban | akêkasih Radèn Buntaran apêkik | kêkalih [kê...]
--- [f. 75r] ---
[Ilustrasi]
[...kalih] Radèn Watangan |[112]|
9. Menak Koncar wuwuse amanis | ingsun matur marang kyai ajar | ki dêmang ginawa age | tan antara glis rawuh | ing ngarsane kang punang kaki | Menak Koncar aturnya | sadaya tinutur | ki ajar alon ngandika | alah iya wruhanira iku kaki | iku sadulurira ||
10. putranipun Adipati Tubin | pan kaprênah dadi sanak-sanak | ramanira kamulane | roro sanak puniku | jalu èstri ramanirèki | iya ingkang atuwa | kang anom puniku | kagarwa Dipati Tuban | apêputra Buntar Watangan apêkik | angling Ki Menak Koncar ||
11. yèn makatên kula nuhun amit | arsa rêbut sadulur kawula | ki ajar
--- [f. 75v] ---
alon wuwuse | aja sira prang pupuh | apan dudu musuhirèki | sira mangsa nyanggaa | Menakjingga iku | pilih ratu kang anangga | ing jurite punika ratu linuwih | digjayane kalintang ||
12. balik sira cidranên ing wêngi | aja wikan balane sadaya | Ki Menak Kocar ature | dhatêng kawula turut | saparentah dika kiyai | sigra wus sami dangdan | asiaga sampun | kajinêman kawan dasa | wus aprabot wau sagêgamannèki | sêja alampah dhustha ||
13. sigra mangkat Menak Koncar aglis | Dêmang Gathul anginthil nèng wuntat | sampun surup ing suryane | wus sêdya lampah pandung | Menak Koncar têdhak sing ardi | narajang wanawasa | priganing[113] asamun | ingiring wong kawan dasa | Menak Koncar sampun ngambah têpis wiring | têlatah Prabaliga ||
14. sampun surup raditya angalih | kagêntenan padhanging baskara | datan kawarna lampahe | ing pasanggrahan rawuh | kajinêman anèng ing jawi | amung Ki Menak Koncar | lawan Dêmang Gathul | kang malêbêt pasanggrahan | wus amasang sêsirêpe wewe putih | sadaya [sa...]
--- [f. 76r] ---
[Ilustrasi]
[...daya] sami nendra ||
15. para ponggawa lan para mantri | kang akêmit marang Menakjiga | kapati turu sakabèh | kapati turu sakabèh | ana ikang nyalêmpung | sinungkêman banjur aguling | ana ikang angrêbab | têka banjur turu | sawanèh ikang anggambang | sinungkêman gambange banjur aguling | angorok agêluran ||[114]
16. ana ingkang mêmaca puniki | dangu-dangu anyungkêmi layang | têka ambanjur angorok | ana ingkang akêrtu | ting karenggot nulya aguli[115] | ana ikang mintoa | têka banjur turu | ana ingkang udud matad[116] | jongkenangan rubuh lan padudannèki | ambanjur turu pisan ||
17. barêngtandang [barêngta...]
--- [f. 76v] ---
[Ilustrasi]
[...ndang] kang saos ing kori | ting gulasah sadaya anendra | tan kosi[117] ngancing pintune | Menak Koncar malêbu | amung Dêmang Gathul tut wuri | sigra malêbu lawang | anglasah kang turu | awake adhêrogdhogan[118] | Dêmang Gathul mundhuk-mundhug[119] gèn lumaris | sampun alampah dhustha ||
18. pan atembak prajurit kang kêmit | ing bêlubur anendra sêdaya | Menakjiga spun[120] sare |[121] kabèh wong dalêm agung | ora nana walang asisik | kadi ulam tinuba | kapati aturu | Ki Menak Koncar punika | nulya manjing pêpungkuran dèn idêri | angulari kunjara ||
19. sira Dayun aturu anjêngking | apan anèng jroning pêpungkuran | awor [a...]
--- [f. 77r] ---
[Ilustrasi]
[...wor] lan wong wadon akèh | para nyai lan babu | lan wong gêndhing algar[122] ing siti | sami pating sulengsang | gènira aturu | sira Radèn Menak Koncar | lawan Dêmang Gathul ikang atut wuri | wus marêki konjara ||
20. duk jumênêng jawining konjari | Radèn Buntaran Radèn Watangan | anyapa aris wuwuse | sapa sintên puniku | baya Menakjiga Narpati | arêp matèni iwang | patènana tèngsun | tan bêtah anèng konjara | Dêmang Gathul sênggruk-sênggruk dènnya nangis | dhuh nyawa gustiningwang ||
21. Ki Menak Koncar amuwus aris | alah iya dudu Menakjiga | ingsun sanakira dhèwèk | Menak Koncar
--- [f. 77v] ---
[Ilustrasi]
ran isun | arsa tulung marang sirèki | uwus sira mêtua | Buntaran amuwus | kayaparan wêdal ingwang | Menak Koncar koncara[123] wêsi kinardi | dipun usap ping tiga ||
22. kunci bêjad tan ana kang kari | mpun mênga pintuning kunjara |[124] radèn rinangkul kalihe | dhu[125] radèn arinisun | mêlas têmên marang sirèki | kalakon kinonjara | marang sang aprabu | Radèn Buntaran karuna | lawan Radèn Watangan ika nyungkêmi | karo sami karuna ||
23. Menak Koncar wuwuse amanis | adhuh radèn sampun ta karuna | dawêg samya mantuk radèn | sigra wus sami kondur | Dêmang Gathul bungah tan sipi | prapta jawining lawang | radèn sampun mêtu [mê...]
--- [f. 78r] ---
[Ilustrasi]
[...tu] | wus panggih lan kajinêman | Menak Koncar ngandika wacana manis | bocah padha sumbara ||
24. diasêru pène[126] kabèh tangi | uningaa rêrêksane ilang | mêngko kêmbarana age | sigra wong patang puluh | surak barêng nangtang ajurit | iya ja katambuhan | kabèh kang aturu | lah payu padha tangia | lah rêbutên payu iki bocah ardi | ora sun undura |[127]|
26. Durma
1. kapiyarsa dening wadya kang anendra | sadaya samya tangi | sigra sami dangdan | ana gugah rewangnya | ana ingkang mêndhêt cundrik | anjupup[128] pêdhang | ana kelangan kêris ||
2. kapiyarsa dening wadya Bêlangbangan [Bê...]
--- [f. 78v] ---
[Ilustrasi]
[...langbangan] | sigra amêpêk baris | waos rêruwitan | pêdhang tamèng sênjata | sawadyabala ngajrihi | syara gumêrah | ponggawa lan prajurit ||
3. sigra ngamuk wong kawan dasa umangsah | acampuh kang ajurit | samya apuyêngan | tambuh musuh la[129] rowang | arame asilih ukih | akèh kabranan | wadyanira narpati ||
4. pangamuke kajinêman kawan dasa | lir buta olih dagi[130] | sing katêmpuh bubar | ya ta wontên kang prapta | ing wuri susun atindhih | wong Bêlangbangan | samya angêpung wani ||
5. Menakjiga eca gènira anendra | datan uning wong jurit | gègèr apuyêngan [apu...]
--- [f. 79r] ---
[Ilustrasi]
[...yêngan] | sami silih marjaya | sami sira ambêk pati | wong kawan dasa | pan sami angrayahi ||
6. riwat-riwut wantu dalu pêrangira | ana ngobong-obongi | pêsanggrahan jaba | rusuh wong Bêlangbangan | pan ana mantri sanunggil | maksih anendra | gumbênge dikêkêpi ||
7. dipun gugah ing wau lêlurahira | ki mantri dika tangi | ingoyog sikilnya | tangi aguyayapan | sêlêk katunjang ing api | gègèr puyêngan | mung padudan cinangking ||
8. Menak Koncar wus angamuk karo pêdhang | sêsumbar angajrihi | lah rêbutên ingwang | putra saking Lumajang | ingsu Menak Koncar iki | mêntas atapa | sasaking[131] [sa...]
--- [f. 79v] ---
[Ilustrasi]
[...saking] ing ardi Wilis |[132]|
9. tinandanga[133] bala Bêlangbangan |[134] sinosog waos biring | parung lan godebag | tinangkisan ing pêdhang | kathah watang tigas pacing | pating sulayah | kênang waos pribadi ||
10. asru rame wau awatang-winatang | padha batur pribadi | ana kang katunjang | wau ingkang mêriyang | burangkangan anèng siti | kalumah-lumah | wantune pêrang bêngi ||
11. ya ta ana lurah mijèn Bêlangbangan | gugup têmbe ngetangi | sarwi kuranggehan | tangan gandhulan salang | wadhangira dikandhuti | bari pinangan | ngimêl bari lumaris ||
12. salin tunjang amburu [a...]
--- [f. 80r] ---
[Ilustrasi]
[...mburu] tanbuh ing lawan | lapake saking wêngi | rame bilulungan | tan uninga ing mêsah | wadyabala akèh kanin | kêna ing pêdhang | padha rewang pribadi ||
13. ngamuk rampak kajinêman kawan dasa | kêbat cukat tarampil | wong ing Balangbangan | akathah ingkang pêjah | lir sêsulung labuh gêna |[135] Ki Menak Koncar | tandange angajrihi ||
14. pan sinosog waos binang pangrampogan | nanging si ora kêni | sira Menak Koncar | anyabêti ing pêdhang | pan sarya amuwus aris | lah ajokêna | patihmu dipun aglis ||
15. dipun êbyok lêlayu lawan bêndera |
--- [f. 80v] ---
[Ilustrasi]
dèn pêrdi bandringi |[136] brêngkolang lan panah | Menak Koncar tan obah | arame gènira jurit | lir wardu wangga[137] | tandange angajrihi ||
16. Dêmang Gathul milu ngamuk karsanira | kadêbog dicundriki | ngamuk pagêdhangan | rubuh pating sulayah | angrubuhi gigirnèki | Ki Dêmang tiba | kêmurêb anang siti ||
17. Dêmang Gathul katindhihan kadêbogan | ngulèn tan bisa tangi | abêkan[138] rêngosan | bari abarêkuhan | kadêbog dinuwa wani | bari mêrangkang | atêpak dara gigir ||
18. wus jinongkèt Ki Dêmang Gathul abaksa | gêbogan[139] dicundriki | apan sarya ngucap |
--- [f. 81r] ---
[Ilustrasi]
dening tatu gataya | kowên ora nana kari | lah rasakêna | bari dipun isingi ||
19. tan kawarna wayahe wus bang-bang wetan | Menak Koncar sira ling | anguwuh saksana | dhatêng wong kawan dasa | lah payu mundur tumuli | êmèh raina | sigra wus mundur mulih ||
20. tan kawarna lampahe Ki Mena[140] Koncar | ngardi Wilis wus prapti | pan sampun raina | prapta ngarsane ajar | sadaya sami nungkêmi | Ki Menak Koncar | Buntar Watangan sami ||
21. angandika ki ajar uwis aturna | marang Sang Prabu Èstri | banjura ngawula | marang Prabu Wanodya | Ki Menak Koncar tur pamit | anulya dangdan | lawan arinirèki ||
22. Rarasati [Rara...]
--- [f. 81v] ---
[Ilustrasi]
[...sati] wastane kusuma rara | lir widadari syargi | ayune bêsaja | sang rêtna yu tumingal | kalih Buntaran nyarêngi | sampyuh ing tingal | lir kilat barung thathit ||
23. sakalangkung Buntaran brangta kalintang | mri[141] Dèwi Rarasati | tansah mandêng tingal | marang kusuma rara | pinandêng awanti-wanti | sadalan-dalan | kaya arêp anganthi ||
27. Kinanthi
1. wus lêpas dènnya lumaku | Ki Menak Koncar nèng ngarsi | Radèn Buntaran nèng wuntat | sira Dèwi Rarasati | lumpah anang ing ngarsa |[142] Buntaran awas ningali ||
2. marang kusumaning ayu | êmbuh rasane kang ati | manahira pyar-êpyaran [pyar-êpyara...]
--- [f. 82r] ---
[Ilustrasi]
[...n] | têka bangêt sênig-sênig | sira Rahadyan Buntaran | rêmêne nêrus ing ati ||
3. tanbuh rasane ing kalbu | Buntaran anang ing wiking[143] | têka bari ngura-ura | asêsindhèn urut margi | sêkar gadhung manglung marga | cinandhak dipun arasi ||
4. sêkar kalan nèng dalanggung | dinyana Ni Rarasati | pinêthik kinusya-kusya | sadalan dipun arasi | kinosokakên ing jaja | nulya dèn ênggo sêsumping ||
5. kêdhaping kilat kadulu | dèn nyana èsêmi[144] lathi | Buntaran anèng ing wuntat | tindake dipun têpaki | nulya anglancangi sira | wêkasan anang ing wingking ||
6. dhuh kapriye polah ingsun | sapa baya anjampèni | jae wana awak iwang | garanggati saba wari | kang ati [a...]
--- [f. 82v] ---
[Ilustrasi]
[...ti] poyang-payingan | ora kêna dèn ganggangi ||
7. dodol gula awak ingsun | dêlanggung kang ngujur ardi | sêngkakêna awak ingwang | sun badhèk tan kêna lali | salaka bang kang arêga | pasthi kula angêmasi ||
8. isun iki sida gêjul | yèn benjang ora pinanggih | lan mirahe wong Lumajang | kukus gantung sun wastani | wong lênjang lamun sun sawang | ora nana ambandhingi ||
9. sun têtêdha sira besuk | yèn wus prapta ing nagari | sêlaga ginawa jala | gampanga ingsun ranohi[145] | wêlut sisik ing dharatan | kênaa sun kawulani ||
10. bakung abang yèn sun dulu | sêmbilang kang taji kalih | lêlewane wong punika | rada ganas amantêsi | bêlingbing[146] awoh widara | wêla-wêlaka nèng ati ||
11. sira wau Dêmang Gathul | sarya
--- [f. 83r] ---
nungtun kuda istri | lumampah ing wuri pisan | bari ngalungakên cundrik | jarane babak sakilan | ora kêna ditugangi ||
12. sinampiran kanthong kadut | isi kukusan kêmbili | sasisih godhogan gêdhang | pêranti sêsarap margi | lumampah akojengkangan | sikile pincêd sawiji ||
13. ênêngêna kang lumaku | kocapa Sang Prabu Èstri | kang lagi wayang-wuyungan | kabubuh lamon kang rayi | kacêkêl gènira yuda | ing Menakjingga prajurit ||
14. kang ibu langkung amungun | wau Ni Dèwi Sakati | alara-lara karuna | anglungsar anang i siti | sêsambate mêlasarsa | kayaparan awak mami ||
15. sira mapan sampun lampus | awuwuh si adhi mati | kacêkêl ing Menakjiga | pasthi karo dèn patèni | sapa kang sun tingalana | lola têmên ingsun iki ||
16. kunarpane sun tan wêruh | kapêriye polah mami | ngur ingsun matia pisan | nusula ing rama mami | ora ra bêtah dika tilar |[147] aja lawas ingsun kari ||
17. gumêdêr wong dalêm agung | kang tangis gumuruh asri[148] | pramèsyarine ing Tuban | tansah sira ora eling | para sêlire sêdaya | gumêrah sami anangis ||
18. ya ta sira [si...]
--- [f. 83v] ---
[...ra] sang aprabu | kalangkung pêtêng kang galih | kacêkêle putra Tuban | sangsaya wuwuh prihatin | miyos Sang Prabu Wanodya | sineba ing para mantri ||
19. Patih Logêndèr nèng ngayun | pan kasaru praptanèki | wau Radèn Menak Koncar | sigra prapta anèng ngarsi | ingaturakên sang nata | sira wau radèn kalih ||
20. Dewi Sakati angrangkul | kang rayi dipun tangisi | adhuh nyawa ariningwang | tan nyana yèn maksih urip | isun nyana wis palastra | sukur rinaksa ing Widi ||
21. Radèn Buntaran umatur | Menak Koncar kang wêwangi | putra dipati Lumajang | pan wontên ing ardi Wilis | mila kawula agêsang | Menak Koncar kang nulungi ||
22. Rarasati wus rinangkul | marang Ni Dèwi Sakati | apan sarwi tinangisan | Prabu Kênya ngandika ris | durung usum maksih bocah | sapa akon lunga jurit ||
23. yèn sira tumêka lampus | sapa kang gêntèni Tubin | benjang padha ajurita | yèn anang i ngarsa mami | barênga pêjah lan ingwang | si paman sampun ngêmasi ||
24. iya sapa kang sun dulu | yèn sira tumêkang pati | sun karya panglipur brangta | anaa kang sun tingali | pupuhe yuda kênaka | yèn benjang têkang nagari ||
28. Pangkur
Punika mêmaca dika liwat sakêbèt[149]
--- [f. 84r] ---
[Ilustrasi]
1. [...] | [...] | [...] | [...] | [...]n lampahira rintên dalu |[150] apan kinên undurêna | dhatêng satriya ing Tubin ||[151]
2. prapta ngarsane rahadyan | mêlasarsa matur Menak Giyati[152] | radèn kalih dawêg kondur | tinimbalan sang nata | gih sêwawi rahadèn dipun agupuh | kalangkung angarsa-arsa | dhumatêng rahadèn kalih ||
3. lan malih ibu andika | rintên dalu punika tansah nangis | tan dhahar sêkul sananjung | sangêt baluting netra | radèn kalih langkung kèmêng manahipun | akarsa nora kondura | ajrih marang Prabu Èstri ||
4. bangêt trêsna ibunira | payu kaki padha mundur karihin | sanadyan ingsun ing besuk | amaguta ayuda [a...]
--- [f. 84v] ---
[...yuda] | ingsun pamit ing Prabu Èstri karuhun | kasaru susulan prapta | wintir mantri Majapait ||
5. rahadyan kalih ngandika | alah iya padha mundur karihin | sun ecanane sang prabu | sigra nitih turangga | bubar kondur ingiring bala gumuruh | radèn kalih gêtêm manah | kapalang ajrih sang aji ||
6. atumpang wintir susulan | para mantri angenggalakên margi | radèn lampahe sinêru | tan kawarna ing marga | sampun prapta ing nagari Majalangu | kawarnaa Prabu Kênya | enjang wus miyos tinangkil ||
7. pêpêkan para santana | atanapi ponggawa para mantri | Logêndèr munggèng ing ngayun | pramèsyari ing Tuban | lawan Dèwi Sakati tumut sang prabu | kasaru rahadyan prapta | wus têdhak saking turanggi ||
8. gêpêh nulya ingandikan | radèn kalih majêng dhatêng ing ngarsi | kang ibu anulya rangkul | kang putra tinangisan | Dèwi Sakati lara dènira mungun | kang ibu sêsambatira | ora nyana sira urip ||
9. Prabu Èstri angandika | ariningsun karo aja ajurit | lawan durung usumipun | pan sira maksih bocah |
--- [f. 85r] ---
dene paman nêmahi puwara lampus | sira uga palastraa | sapa kang ingsun tingali ||
10. dêdimène wong bang wetan | dêdimène angrangsêg Majapait | saking tan kawawaningsun | nadyan sira yudaa | labuha prang sarênga kalawan ingsun | satriya kalih ing Tuban | sarêng sami atur bakti ||
11. Prabu Èstri angandika | wau dhatêng rêkya patih tumuli | bapa patih arinisun | poma sira gawaa | poma-poma dèn karaksa ariningsun | ki patih matur sandika | angandika Prabu Èstri ||
12. sakèh mantri Majalêngka | dipun tangtun dhatêng Sang Prabu Èstri | ngaturêna surat ingsun | marang Ki Menakjiga | pan sadaya datan ana kang sumanggup | Sang Prabu Èstri kèmêngan | para êmpu dèn timbali ||
13. sami tinari sadaya | tan sumanggup ngaturkên pati urip | ya ta wontên êmpu sêpuh | aran Ki Êmpu Lumbang | alon matur inggih kawula asanggup | angaturêna nawala | ing Menakjingga Narpati ||
14. wontên kang kawula têdha | yèn patingbra[153] tulus jumênêng aji | gusti kang kawula suhun | dhatêng panduka nata | sakathahe patibra kang para [pa...]
--- [f. 85v] ---
[...ra] êmpu | kawula mêdananana | angsanggup[154] Sang Prabu Èstri ||
15. Sang Prabu Èstri ngandika | paman Arya Simping karyaa tulis | badhe katur ing Sang Prabu | Nalendra Menakjiga | lah unine yèn ingsun arsa anungkul | panjaluk ingsun disabar | Arya Sêsimping nênulis ||
16. wus dadya punang nawala | ingulêsan wau taluki kuning | Ki Lumbang nampani sampun | nawalane sang nata | atur sêmbah Ki Lumbang marang sang prabu | Prabu Kênya angandika | kaki dèn angati-ati ||
17. lèngsèr saking ing ngayunan | Êmpu Lumbang anitih kuda istri | nanging nora gawa batur | amung kang nyêkêl kuda | pan Ki Lumbang pinayungan lampahipun | anguwuh samarga-marga | aja na sikara mami ||
18. ikang abaris ing ngarsa | Ki Apatih Angkatbuta anênggih | Ki Êmpu Lumbang wus rawuh | sarwi miyak gêgaman | pan sadalan gènira acêluk-cêluk | wong wetan aja sikara | ingwang iki mundhi tulis ||
19. prapta ngarsane ki patya | Êmpu Lumbang ature amlasasi | kawula kiyai ngutus | dhatêng Prabu Wanodya | angaturna nawala dhatêng sang prabu | lah kawula larapêna | arsa nungkul Prabu Istri [I...]
--- [f. 86r] ---
[...stri] ||
20. wêlinge Prabu Wanodyar[155] | poma kaki aja liyan nampani | lamon dudu Sang Aprabu | Narpati Menakjingga | ki apatih asuka bungah gumuyu | lah payu kaki prayoga | ngong aturakên narpati ||
21. ki patih nitih turang |[156] Êmpu Lumbang anginthil anèng wuri | pinayungan lampahipun | anjujug pasanggrahan | kawarnaa Ki Menakjingga alungguh | ingayap dening parêkan | tanapi kang para sêlir ||
22. alênggêh[157] dhampar kancana | malangkadhak astane munggèng korsi | angangge dhuhung pinucuk | akampuh tigang lirang | kang salirang badhe sêseredanipun | paningsête sambung tiga | kang cindhe wilis kinardi ||
23. remane ginaru sugar | nganggo cabang rinètès intên adi | para sêlir atap pungkur | kabèh kêkêmbên jingga | kêlanangan angawin pêdhang lan dhuhung | ingkang ngampil kêkacu mas | paidon lan sawunggaling ||
24. ana kang ngampil sênjata | Menakjiga alinggih dikêbuti | Ki Menakjingga amuwus | maring wong pêpingitan | hèh mas ajêng apa rupaku abagus | pawongan sawiji [sawi...]
--- [f. 86v] ---
[...ji] nêmbah | kadi Kamajaya ngalih ||
25. suka Raja Menakjiga | cukakakan gumuyu êntrog siti | bênêr nyata aku bagus | jalanthir cilik mula | wong sakabèh mangsa madhanana ingsun | parêkan sawiji nêmbah | mêmanise sapêdhati ||
26. yèn sida aku panggiha | pasthi kaya Kamajaya lan Rati[158] | lawan Ratu Majalangu | ora na kang kuciwa | têmu jodho têtumbu bisa bil tutup | malah-malah bagus reyang | gumujêng sri narapati ||
27. parêkan sawiji nêmbah | inggih lêrês malah bagus sang aji | Ki Menakjiga amuwus | nyah iki pitung reyal | bocah wadon sakarêpira têtuku | para garwa kabèh riyak | tur ta iku kaya kambing ||
28. yèn aku kênaa lunga | sun isuhi sukan digarap maning | tur rupane kaya lutung | si[159] dikêrah ing macan | rêraine lir bêcokok yèn dinulu | yèn sinawang lir manyawak | kapan baya olih tandhing ||
29. akarya golèk kacana[160] | pan pinindha wau Sang Prabu Èstri | ora pêgat dipun ambung | punang golèk kancana | dipun rungrum akathah [aka...]
--- [f. 87r] ---
[...thah] tanaganipun | Sang Prabu ing Balangbangan | sadina-dina dalêming ||
30. adhuh dewane si kakang | baya iki ratu ing Majapait | duka marang para maru | dening nora ngandika | mêmundhuta Ratu Ayu Majalangu | kang ana pitambuhana | lêga rasane kang ati ||
31. ingkang asawang kumala | mung èsême ingkang anjait ati | monggoh-monggoh boya bêndu | sakèhe rabiningwang | ora nana bisa momong ratu ayu | si binatang orang gila | jêr padha pating paringis ||
32. sakathahe para garwa | lan pêdhêkan tanapi para sêsir[161] | ana kang arsa sinuduk | ana arsa pinêdhang | dhingan padhaj[162] cabar momong kakènamu | dalane nora purika | jêr padha dipaleroki ||
33. ya ta kang golèk kancana | dipun sèlèhakên munggèng ing kathil | kawula gusti acucud | lah gusti tingalana | sampun pijêr nimas rara rêngu-rêngu | Menakjingga cêcawêtan | lampahe anolih-nolih ||
34. ya ta bali mêmandhapan | mèsêm-mèsêm sarwi angujiwati | ratu êmas dawêg dhuhung | kawula pêjahana | Menakjiga
--- [f. 87v] ---
[Ilustrasi]
anggabêr-gabêr macucu | mara sarwi cêcebolan | padha mèsêm para sêlir ||
35. Ki Menakjingga alênggah | mèwèk-mèwèk margigih anang korsi | sinambut nuli ingambung | punang golèk kancana | dipun rungrum akathah tanaganipun | ya ta emut Menakjingga | kang golèk binanting-banting ||
36. ki apatih sigra prapta | awotsêkar majêng dhatêng ing ngarsi | punika utusanipun | Ratu ing Majalêngka | ngaturakên nawala dhatêng sang prabu | nawala sampun katampan | bungah manahe narpati ||
37. Ki Menakjiga ngandika | diwêg bage saparan rika kaki | ing kene lah rika maju | Ki Lumbang
--- [f. 88r] ---
[Ilustrasi]
awotsêkar | gih pun Lumbang wasta kawula sang prabu | ya ta manggut Menakjiga | sarya angungkabi tulis ||
38. ingulês taluki jênar | pan apelag palamate kang tulis | sarya êntrog-êntrog pupu | sarya amaca surat | kincêr-kincêr amawang aksaranipun | mangkana unining sêrat | pamiyose mêlasasi ||
29. Mijil
1. pèngêt layange Sang Prabu Èstri | ikang kênya kaot | kang ngadhaton mingjapaite |[163] ambaudhêngdha anyakrawati | pangaksama tulis | katura sang prabu ||
2. Ki Menakjingga [Mena...]
--- [f. 88v] ---
[...kjingga] kang surèng jurit | kang jigjaya[164] katong | nanging ta sampun dados galihe | dene layang panglamar ngong tampik | wus jamaking putri | pêpanggil prang pupuh ||
3. apan ingong kinakudang dhingin | dening rama katong | dening rama Brawijayane |[165] lamon benjang manira alaki | rame ing ajurit | kêkudangan ingsun ||
4. apan sampun kalampahan mangkin | yudane rêrêmpon | banjir ludira apra[166] arame | malah paman ing Tuban ngêmasi | ngong adu ajurit | kabèh padha lêbur ||
5. nyata yèn trêsna marang ing mami | Menakjingga Katong | ora beda lan atiku dhèwèk | kakang prabu ingkang dadi ati | baya sira ugih | kang asung lara gung[167] ||
6. salawase ingsun brangta kikin[168] | marang kakang katong | Menakjingga kang asung wirage | lamon ingsun agea apanggih | katon sundêl aji | nistha jênêng ingsun ||
7. anging atur kawula ing mangkin | dèn sabar sang katong | lagi agawe raja pangangge | jamang kancana lan anting-anting | bêbadhong calupring[169] | gêgêlang kêkalung ||
8. panêdha kula ing sang narpati | Menakjingga [Me...]
--- [f. 89r] ---
[...nakjingga] Katong | aja lunga ing pasanggrahane | ing Prabalinggan[170] kèndêla dhingin | benjang sun unggahi | yèn jamangku sampun ||
9. igih wontên atur kula malih | dhatêng prawiranom | ing Majapait eman rusake | lamun rusak kawula prihatin | sapunika ugih | nawala kang têmbung ||
10. sampun titi layange narpati | sumèlèh ing pangkon | Ki Menakjingga langkung bungahe | apan sarwi kajuwat-kajuwit | manggut akêkirig | sukane kalangkung ||
11. sakathahe sêlir para rabi | sadaya malorok | amicara ing jrone nalane | baya bêbêdhuh arsa ngêmasi | sêmune katawis | sidipangan ngantu ||
12. wontên sêlir sawiji sira ling | bêbadhoganane |[171] ora jamak lan bandhusa akèh | gêtih kêbo winor gêtih babi | mêntas dipun bukti | sabên siyang dalu ||
13. Ki Menakjingga amuwus aris | dènira têtakon | sapa kang nulis iki layange | Êmpu Lumbang nêmbah matur aris | inggih Prabu Èstri | kang nêrat sang prabu ||
14. Ki Menakjingga bungah tan sipih |
--- [f. 89v] ---
sarwi ngalih êgon[172] | mandahane kang nulis warnane | Menakjingga ngêntrog-êntrog wêntis | ing korsi mêrgigih | asuka gumuyu ||
15. pantês Ratu Ayu Majapait | anggarut anyêthot | sêngkrèng-sêngkrèng baya panggarute | calêkat-calêkit jiwit wêntis | bari ngong ambungi | anggandhês bok cênthul ||
16. dhingin mula aturana tulis | ratu ayu kaot | mangsa rusaka kabèh balane | biyadane wong ing Majapait | lagi arsa prapti | bari lêngkung-lêngkung ||
17. Ki Êmpu Lumbang wus pinisalin | busana di kaot | sinungan kampuh jingga ma[173] sae | sinungan kêris tinaturanggi | aku uga kaki | balabah kêlangkung ||
18. aprasasat Ratu Majapait | kang prapta maring ngong | kaki êmpu marenea age | lamon rika gêlêm anglampahi | mara sun ambungi | bari ingong pangku ||
19. Êmpu Lumbang tumungkul aisin | gawok atiningong | satriya iki dudu rasane | Ki Êmpu Lumbang ngaturi pamit | kawula narpatih[174] | darma-darma ngutus ||
--- [f. 90r] ---
20. Ki Menakjingga amuwus aris | patih baris ingong | para dipati mantri sakabèh | aja ngêpung maring Majapait | lan patih si kaki | atêrêna mantuk ||
21. sakathahe wong ing Majapait | kang têluk maring ngong | padha muliha mring nagarane | sawab mêngko Sang Aprabu Èstri | wus karsa mring mami | karsanipun têluk ||
22. sira jujugêna Majapait | saprayoganing wong | atêrêna ing têpis wiringe bae |[175] kira-kira kalane ing wêngi | aja rina patih | susah Majalangu ||
23. Ki Êmpu Lumbang wus atur pamit | dhumatêng sang katong | Angkatbuta wus atur sêmbahe | lèngsèr saking ngarsane narpati | sagung para rabi | amicarèng kalbu ||
24. baya putrine wong Majapait | kasusra an[176] kaot | baya ora parungon wartine | kudu alaki olih wong baring | kang padha lakoni | tobat jêrat kawus ||
25. Ki Menakjingga amuwus aris | bari mengsong-mencong[177] | amung layang winawang suwene | aksarane dipun kujiwati | sakèh para rabi | padha linggih mungkur ||
--- [f. 90v] ---
[Ilustrasi]
30. Pangkur
1. Ki Menakjingga angucap | bojoningsun kabèh sun kawe[178] cèthi | angucap sarwi gumuyu | kabagjan kabarayan | sida-side aku krama ratu ayu | dhêdhongklaking Majalêngka | Ratu Ayu Majapait ||
2. benjang Ratu Majalêngka | baya gêthing aningali ing mami | dene rupaku nyarungus | pantês sang rêtna ewa | pan alami ingsun sandhing ora purun | nulya aku tarak brangta | ulah sumbaga lan dhèsthi[179] ||
3. nulya jangkêp pitung dina | nuli aku sare bangsal pangrawit | bari aku nêmbang kidung | mangkene kidung ingwang | sun amurwa kêkirik putraning asu | lingsa
--- [f. 91r] ---
[Ilustrasi]
antiganing tuma | bèbèk ibuning mêmêri ||
4. Ratu Ayu Majalêngka | baya kanyut aningali ing mami | mara bari lêngkung-lêngkung | sarwi nyangga pawohan | nyèrèd sinjang lembehane gandrung-gandrung | sarwi nguwuh kakang-kakang | jêgir lènthêng uyuh êsir ||
5. sapraptane ngarsaningwang | jaluk pangku sarwi anênumpingi | anjiwit bari anggarut | sarwi ngaturi sêpah | dak kauli manira pangku sataun | sêbari ngong kêkudang |[180] sun sunggi gundhul sawarsi ||
6. mandah ngisinga ing pundhak | mandahane tinjane arum wangi | dêdungik ing Majalangu | yèn aku têka seba | mapag lawang apan sarwi nyèrèd [nyè...]
--- [f. 91v] ---
[...rèd] pinjung | nuli aku mêmandhapan | wong ayu sun sênggarani ||
7. aku banjur atut pisan | lawas-lawas duwe anak pawèstri | lagi tigang dina lampus | kaya lamun matia | kurang apik Ratu Ayu Majalangu | dhahar jangan kalamuncang | nora mambu wong nusoni ||
8. benjang aku nuli duka | ratu ayu nuli sun wêwarahi | kurang apik gustiningsun | nora eman atmaja | nuli duka apêpanggil tumbak dhuhung | satapak tilas gurinda | nora pasah marang mami ||
9. nuli aku awor raga | ratu ayu nuli sun sênggarani | êri lancip banyu ajur | dhuh biyang gêni panas | pundi wontên pawèstri anyandhing wêdhung | mandahane kitrang-kitrang | wong cêcewok lading sêking ||
10. nuli aku apêputra | miyos lanang putra ngong sun kasihi | drogong-drogong warnanipun | anjaluk lêlayangan | ora ketang amènèk gorda aluhur | rèh anjaluk lêlayangan | tiba rêmuk awak mami ||
11. kalamun aku palastra | panêdhaku marang dewa kang luwih | aja dadi
--- [f. 92r] ---
dewa ratu | aja dadi satriya | panêdhaku dadia guluning êjun | êjune wong Majalêngka | ratu ayu Majapait ||
12. pantêse ngangsu kiyambak | pan kinêmpit bênêri gulu mami | sêngal-sêngol olih susu | nulya binating[181] lêmah | panêdhaku dadia lambening lêsung | lêsunge wong Majalêngka | Ratu Ayu Majapait ||
13. pantêse nutu kiyambêk |[182] pratèng[183] lêsung aku dipun langkahi | ambênêri êndhas ingsun | aku tutung tumênga | ora mamang ing wau ing pênahipun[184] | ujunge wong Batawiyah | lir maskumambang ing wari ||
31. Maskumambang
1. ênêngêna Ki Menakjingga Narpati | ya ta kawarnaa | Prabu Èstri Majapait | pinarêk ing kanyapura ||
2. sinjang seta kasêmêkanapun[185] putih | anglayung ing manah | lali dhahar lawan guling | ciptane mung dewanira ||
3. Menakjiga tinêdha oliha tandhing | Ki Lumbang wus prapta | ing ngarsane radèn dèwi | matur sarwi awotsêkar ||
4. wus tinutur Ki Menakjingga Narpa
--- [f. 92v] ---
[Ilustrasi]
Narpati |[186] Sang Prabu Wanodya | amicara jroning ati | kalingane Menakjingga ||
5. baya bungah ingong sukani mêmanis | katuwone awak | tinilar dening sudarmi | tanpa kakung dadi nata ||
6. sapa wêlas ing saliraningsun iki | ya ta Êmpu Lumbang | ginanjar sinungan linggih | wong sèwu wus pinatêdhan ||
7. pan sinungan nagara ing Jênu singgih | sinungan busana | sarta kinèn madanani | kang para êmpu sadaya ||
8. Ki Tumênggung Êmpu Lumbang kang wêwangi | ya ta kawarnaa | Prabu Èstri Majapait | sangêt panêdhaning dewa ||
9. sakalangkung [sa...]
--- [f. 93r] ---
[...kalangkung] wau dènira prihatin | pirang-pirang dina | lali dhahar lawan guling | ciptane mung dewanira ||
10. panêdhaku oliha tandhing ajurit | Prabu Menakjiga | ingsun akarsa udani | mastakane Menakjingga ||
11. kawarnaa Prabu Èstri gènnya guling | soring nagapuspa | sajoning[187] turu angimpi | mangkana ujaring syara ||
[Ilustrasi]
12. luwarana putunisun ingkang brangti | ajan[188] cêgah pangan | dèn eca dhahar aguling | dèn piyandêl marang dewa ||
13. maksih ayu kithanira Majapait | aja nyêgah pangan | lah dèn eca manahirèki |[189] aja mijil saking pura ||
--- [f. 93v] ---
[Ilustrasi]
32. Mijil
1. nadyan karia sagodhong pari | sira nèng kadhaton | ora bêdhah ing Majapaite | maksih akèh pulunge angapit | sang putri nauri | sajroning aturu ||
2. sintên yogya ikang angêntasi | mêsêhe sang katong | Menakjingga abot sêsanggane | sugih bala tur prawirèng jurit | tan pasah ing wêsi | Menakjingga têguh ||
3. ikang syara dumêling nauri | iya nini katong | ingkang yogya angêntasi gawe | Ki Damarwulan ingkang wêwangi | ularana ugih | poma dikatêmu ||
4. sampun ilang kang asung wêwêling | wungu sang lir sinom | inya pawongan anangis kabèh | dene gusti pasareyan sêpi | samya angulati | sami wayang-wuyung ||
5. samya sasrangan ngulari gusti | marang kêbok-kêbon[190] [kêbo...]
--- [f. 94r] ---
[Ilustrasi]
[...k-kêbon] | panyanane dèn dhustha ilange | kakèt[191] sang prabu anulya prapti | mèsêm ngandika ris | pêgènnya amuwun ||
6. para inya sami anungkêmi | adhuh gustiningong | ingkang abdi sami maras kabèh | dene wau pasarean sêpi | marase kang ati | bok didhustha pandung ||
7. mèsêm sang prabu ngandika aris | jagêr nuli mondhong | baya têlas têmên lêksanane | lamon ingsun dèn dhusthaa maling | pan ing Majapait | maksih pulungipun ||
8. ingsun biyang iki arsa bukti | lêsu awak ingong | kêkêlana mênir dipun age | dalahana[192] bayêm dimèn lêgi | age sun abukti | lêsu awak ingsun ||
9. para inya sami lêladèni[193] | sami boga drawès |[194] kang dhaharan wus cumaos kabèh | kang sawanèh amicara ngati | dingarèn sang putri | dhahar dalu-dalu ||
10. sampun tutug wau dènnya bukti | wau sang lir sêsinom [sê...]
--- [f. 94v] ---
[Ilustrasi]
[...sinom] |[195] para badhaya angigêl kabèh | gamêlane muni angrêrangin | kawarnaa enjing | sang rêtna lir madu ||
33. Dhandhanggula
1. enjing sang nata miyos tinangkil | pêpêk kabèh kang para ponggawa | para mantri sakabèhe | andika sang aprabu | wau dhatêng rêkyana patih | lah bapa ularana | poma dikatêmu | ingkang aran Damarwulan | yèn katêmu aturên marang mami |[196] kang aran Damarwulan ||
2. poma pacuhan ta bapa patih | dèn katêmu sira ularana | yèn tan angsal sira gawe | lamon ora katêmu | ikang aran Ki Damarsasi | su[197] lorod linggihira | ki patih tumungkul | ana karasa ing manah | yèn kapanggih ingkang aran Damarsasi | bapa gawanên enggal ||
3. sri bopati wus bubar tinangkil | pan malêbêt dhatêng dalêm pura | para mantri bubar kabèh | ki apatih wus kondur [ko...]
--- [f. 95r] ---
[Ilustrasi]
[...ndur] | tan kawarna sira ing margi | prapta ing kapatihan | ki patih wus lungguh | anguwuh ing garwanira | gustinira yayi Sang Aprabu Èstri | andangu Damarwulan ||
4. ora wikan karsane narpati | malah isun yayi sinupatan | lawan akèh pêpacuhe | linorod linggih ingsun | lamon ora kongsi kêpanggih | kang aran Damarwulan | iku kang dinangu | yayi sira tilikana | bocah gamêl ingkang sun konjara lami | manawi maksih gêsang ||
5. anggawaa kampuh ingkang adi | uculana kang anèng konjara | kaponakanira dhèwèk | ramakane karuhun | kakang Patih Udara dhingin | iku kadang manira | sadulurku sêpuh | nyai patih alon mojar | yèn sêmbada ingambil mantu
--- [f. 95v] ---
pribadi | Si Anjêsmara trêsna ||
6. nyai patih apan wus lumaris | kawarnaa kang anèng konjara | Ki Damarwulan ragane | lir dalancang winasuh | sakathahe kang para nyai | miwah para pêdhêkan | tan ana wèh sêkul | wite sadaya awêlas | sami ajrih dhatêng undhange ki patih | mila têmahan papa ||
7. Ni Anjêsmara lara anangis | anungkêmi padane kang raka | amlasasi sêsambate | katuwone wak ingsun | ingkang bisa agawe sakit | si kakang kinonjara | marga saking ingsun | kang sukêt munggèng pagagan | rontang-ranting agawe rasaning ati | ujar manira trêsna ||
8. iya ingsun tumêha[198] pati |[199] nadya[200] lêbura dèn kadi Bisma | si kakang lakiku dhèwèk | matia milu lampus | tatu jaja ingong belani | ujar manira trêsna | maring kakang bagus | kang paksi abang netranya | katune anglayung rasaning ati |[201] dhuh lae kakang êmas ||
9. kaniaya rama ki apatih | ora wêlas adarbe atmaja | baya rama wuru gênje | ususe mulur-mulur | dèn cucuka ing dhadhang[202] putih | si ibu liya dana | karo mêndêm gadhung | matia jinamah buta | rama ibu kaniayane kapati | karo wong tuwa baka[203] ||
--- [f. 96r] ---
10. lamon kangjêng rama angalimi | asung ucul si jroning konjara | sarta dipun panggihake | kalihan kakang bagus | ingsun têdha ing dewa luwi[204] | muga suka wriyaa[205] | kangjêng rama ibu | lamon ora angapura | mangka sida amatèni marang mi |[206] karo wong tuwa bangka ||
11. awungua kakang aja guling | bok iyaa padha rêrêmpugan | têka pijêr sare bae | jamake ing wong kakung | yakti ngambil guna piranti | yaktinipun astiyar[207] | Damarwulan muwus | ni êmas aja ambeka | wong agêring pun kakang bisa punpi |[208] nimas aja ambeka ||
12. wus alara pasthi dèn lakoni | ikang rinêmpug yayi punapa | wong kinunjara mangkene | Anjêsmara amuwus | pasthi rêmpug ingkang abêcik | aling Ki Damarwulan | paran kang rinêmpug | anjiwit Ni Anjêsmara | mangsaborong bêcike wong laki rabi | sarwi amulêt jaja ||
13. bodho têmên kakang dika iki | yèn bêcike wong anèng konjara | sayakti saprayogane | astiyar ing wong kakung | pasthi ngambil guna piranti | ucula sing kunjara | Damarwulan muwus | ingsun yayi nora bisa | Anjêsmara
--- [f. 96v] ---
ngujiwat nyêthot aririh | ulunên atmanira ||
14. kaya ingsun manira sanggupi | yèn supami kula dados lanang | ambujad kunjara kiye | Damarwulan amuwus | yèn ingajan dening kiyai | apan gampang kewala | rosa pira iku | asil apa wong jalidra | apan mêngko karsaning bathara luwih | lah payu linakonan ||
15. pintênbara nimas yayi benjing | rama dika adarbèni priksa | asung ucula wong roro | ingapura ing besuk | pinanggikên[209] lan sira yayi | lah payu linakonan | yayi sakitipun | mèsêm Dèwi Anjêsmara | gicêl wêntis liringe lir pendah thathit | lah kakang durèn dawa ||
16. lamon kiyai aduwe adil | pinanggihêna kalawan dika | pan ujarana bêlise | sêngite nandhês balung | Layangsetra Layangkumitir | darbe ipe andika | sidikêrah ngasu | sadulur kula botêna | i panêdha kang Layangsetra Kumitir | dèn têkuka ing macan ||
17. yèn tan angsal wisma ing nagari | padha lunga kakang pinggir desa | umaha dhêdhukuh bae | lah kakang dika nganggur | kula dhèwèk sanggup ngingoni | saangsaling wanodya |
--- [f. 97r] ---
kula kesah tandur | kêkojong andika dhahar | lamon panèn kawula ngasag ing sabin | angsala saliwêtan ||
18. Ki Sabdapalon lara anangis | Nayagenggong pan sami karuna | binanda ginandhèng bae | wong roro ting karingkuk | cangkalake pucang kinardi | anangis asênggrukan | dèn talèni êduk | karo padha puringisan | sêsambate piniyarsa mêlasasi | anulya ngura-ura ||
19. bayêm gatêl adhuh biyung mati | mamah bêras pan katut kewala | milu lampahi[210] sakite | muktine ora milu | lêlarane tan kêna kari | gawoke atiningwang | karo tinalikung | padha-padha kinonjara | saban dalu syarane pating karincing | tandhane bêbayaran ||
20. Ki Nayagenggong nauri aris | moalane radèn mangkanaa | yakti ewuh ing rantene | wantu radèn wong kuru | yèn alihan rantene muni | Sêbdapalon angucap | sika[211] aja muwus | ambodhoni wong atuwa | wingi sore syarane pating karêmpis | tandhane yol-oyolan ||
21. Ki Sabdapalon amuwus aris | Nayagenggong yèn sun rasa-rasa | wong kinonjara mangkene | sun rasa atiningsun [a...]
--- [f. 97v] ---
[...tiningsun] | têka enak wong andon asmi[212] | lagi apêpasihan | mangan loncom esuk | banjur bakar dodol jênang | Nayagenggong gumuyu bari anangis | kabêntus ing cangkalak ||
22. Ki Sêbdapalon amuwus aris | yèn sun tutuh dhaplop[213] Paluamba | putune dikon marene | ki buyut kaya asu | ikang bisa agawe sakit | margane kanjantaka[214] | dalan asu dhahjuk[215] | alas padhang ngênthak-ênthak | awu angêt bolu buthak watês kuping | Si Lêngar Paluamba ||
23. kaniaya kang ambanda kami | gawe cangkalak pan ora jamak | pucang kawak sagulune | tur têtaline êduk | saususe kang analèni | sanadyan cangkalaka | lamun êpring tutul | abungah yèn tiningalan | têtalia cindhe kêmbang sutra kuning | abungah tiningalan ||
24. Ki Sabdapalon lara anangis | aku besuk yèn sida palastra | nanging dijêro luwange | urugana bêkatul | dipêndhêma jênang lan inthil | muga diulêsana | plèk-êmplèk bêkatul | gêlonana ula wadal | mesanana kêrambil kiring kêkalih | kirimên lêlintingan ||
25. nyai patih sigra nulya prapti | wus jumênêng jêjawining [jê...]
--- [f. 98r] ---
[...jawining] kunjara |[216] ingiring pawongan akèh | Anjêsmara andulu | lir sinindhal[217] ni pramèsyari | dhuh baya kangjêng rama | ngapura marèngsun | baya èngêt kangjêng rama | pratandhane kangjêng ibu amarani | muga sira tulusa ||
26. sapraptane kang ibu anangis | wau anèng jawining konjara | awlas dhatêng atmajane | ingkang ibu amuwus | Anjêsmara nak ingsun nini | sira wis ingapura | marang sudarmamu | matur Dèwi Anjêsmara | pan langgana lamun ngapura pribadi | yèn ora lan si kakang ||
27. nyai patih angandika aris | apan karo sira ingapura | Ni Anjêsmara ature | lah kakang payu mêtu | ingapura dening kiyai | mèsêm Ki Damarwulan | ambêkan pinêsuh[218] | wus amatêk palamporan | kunci mênga rante ngalonthong pribadi | gawok sakèh tumingal ||
28. sampun lumampah Ki Damarsasi | akalihan Dèwi Anjêsmara | kang pawongan bungah kabèh | Sabdapalon wus ucul | Nayagenggong wus diluwari | gigir babak sakilan | iga wêkas putung | lapake kênang cêngkalak | baunira katon bêbalunge ngisis | baba[219] kênang pusara ||
29. sapraptane ngarsane ki pati[220] | Anjêsmara [Anjêsma...]
--- [f. 98v] ---
[...ra] lawan Damarwulan | kalangkung bagus rupane | ki apatih amuwus | Anjêsmara nak ingsun nini | yaiku kakangira | wakira kang sunu | ki raka kang apêputra | nanging sira rara dèn bisa alaki | aja dumèh yèn kadang ||
30. atanapi Ki Mas Damarsasi | aja kapalang aduwe kadang | ingsun atitip arine | iya kang mala gêbug | kang ngingoni ingkang nyandhangi | ya ta Ki Damarwulan | ature anuhun | Ni Anjêsmara abungah | sakalangkung sêmbahira andharidhit | ya ta mantuk ing wisma ||
31. ya ta wau kawarnaa enjing | Damarwulan kinampuhan jingga | asri rinèjèng tumpale | sabuk pathola wungu | sinumpingan sinurèngpati | calana cindhe kêmbang | tuhu yèn binagus | Ki Damarwulan lumampah | praptang[221] latar Ni Anjêsmara bondhèti | binakta ing paprêman ||
32. sampun seba kakang gusti mami | wicaraa lamon sêsabina | ing marga akèh mêmondrèng | Damarwulan amuwus | ingsun anang ing Majapait | andhang sarya endah |[222] dhahar saya tuwuk | iya barkating nalendra | lah kantuna wong ayu manira nangkil | tumut ing ramandika ||
33. Ki Damarwulan mèsêm ing ati | wuwus [wu...]
--- [f. 99r] ---
[...wus] anduga sêmuning wanodya |[223] ya ta rinangkul janggane | dhuh atma jiwaningsun | nadyan akèh mondrèng dêdungik | aseba dina-dina | kathah sangunipun | Ki Sabdapalon angucap | padu apa ujar durung warêg rasmi | jêr lawas ing konjara ||
34. ucul maning ora jêjêmbêri | nadyan dhingin duk anèng kunjara | pating karêpo[224] syarane | pan sampun amisuhur | lamon Radèn Mas Damarsasi | panggih lan Anjêsmara | kathah kang andulu | jêjêplak lawan lêlangak | pan atembak mêmondrèng lawan dêdungik | padha maksih nonoman ||
34. Sinom
1. Prabu Èstri sinewaka | pêpêkan kang tandha mantri | dipati lan para menak | apan ta Sang Prabu Èstri | ipènira ing wêngi | ing wau maksih kayungyun | nadyan wuwuha mêsah | nora bêdhah Majapait | angandika maring ki rêkyana patya ||
2. bapa patih kaya ngapa | rèh isun akon ngulari | mring kang aran Damarwulan | umatur rêkyana papi[225] | sumangga ing narpati | kang munggèh ngarsa sang prabu | dede têtiyang liyan | mantu kawula pribadi | gih punika lakine pun Anjêsmara ||
3. Prabu
--- [f. 99v] ---
[Ilustrasi]
Èstri miyak gubah | sakêdhap netra ningali | ing citrane Damarwulan | angandika Prabu Èstri | dening bapa karihin | tan matur yèn duwe mantu | ki patih atur sêmbah | dèrèng lami apêpanggih | asalipun tiyang nistha kawlasarsa ||
4. Prabu Èstri angandika | dhatêng êmbane sawiji | biyang inya takonana | umure Ki Damarsasi | ni inya awotsari | lumampah Ni Sêpêtmadu | pan sampun tinakonan | umure Ki Damarsasi | dika matur kawula salawe warsa ||
5. ni inya matur anêmbah | umure Ki Damarsasi | anênggih salawe warsa | angandika Prabu Èstri | mèh padha lawan mami | pan ingong salikur taun | kacèk papat lan ingwang [ing...]
--- [f. 100r] ---
[Ilustrasi]
[...wang] | sang putri asêmu brangti | sigra lèngsèr sang putri malêbèng pura ||
6. sapraptanira ing pura | Prabu Èstri anênulis | pustakaning pandhan surat | tinulis sastra basuki | pilih ingkang udani | nanging panurate kuku[226] | mojar Sang Prabu Kênya | inya paringêna iki | pandhan surat maring Ki Mas Damarwulan ||
7. Ni Sêpêtmadu wus mêdal | samana pan sampun prapti | ing ngarsane Damarwulan | ni inya lingira aris | nêdha Ki Damarsasi | pêparingane sang prabu | ya ta wus tinampanan | kang sêkar asih ing tulis | wus winaca mangkana ikang nawala ||
8. pèngêt punika kang surat | layange Sang Prabu Èstri | wiyose Ki Damarwulan | rèh ingsun dadi narpati | tanpa
--- [f. 100v] ---
sudarmi |[227] pan ora duwe sadulur | amung Ki Damarwulan | ikang ingong dingalêmi | yèn muktia layak ambangkata karya ||
9. sakabèh wong Majalêngka | mantri kalawan dipati | sami ajrih Menakjingga | tan ana wania pulih | amung Ki Damarsasi | ingkang prayoga ngong tangtun | ewuh ati manira | araning wong durung mukti | sapunika ungêle ingkang nawala ||
10. lir sinêndhal manahira | sira Radèn Damarsasi | angadêg suraning nala | amicara jroning ati | baya tega kapati | Prabu Kênya marang ingsun | apa ngong walêsêna | yèn ora pati lan urip | sampun bubar sêseban ing Majalêngka ||
11. wus mulih Ki Damarwulan | kang pandhan surat pinundhi | ya ta Dèwi Anjêsmara | angrêrangu ingkang laki | têka maras kang ati | manawi tiba kasandhung | laki mangsa oliha | kaya Kangmas Damarsasi | sinjang seta kêkêmbên jingga rinenda ||
12. pan asêngkang nata brata | asamir gadhung mêlathi | linud ing pêrada mubyar | remane abyor mêlathi | wida jênar awangi | sarya mirong angrêrangu | têka suwe têmênan | kakang êmas durung prapti [pra...]
--- [f. 101r] ---
[...pti] | pêpunjulên katon wong bancèr kewala ||
13. najan akèh ambancèra | ujar si si kakang awiwing |[228] wiwinge akèh mêmadha | ujar kari anjalanthir | akèha wong jalanthir | ujar kari rangkung-rangkung | akèh rangkung-rangkunga | ujar kari marêk ati | pangrasane kaya wong pisah sawarsa ||
14. wus prapa[229] Ki Damarwulan | Anjêsmara malajêngi | amulêt atêpung asta | angrangkul ing lambung kèri | suwe têmên sun anti | mèsêm Radèn Damarsantun | sang dya nulya ingêmban | kang sêrat pandhan pinundhi | iya ênyah patêdhane Prabu Kênya ||
15. sira Dèwi Anjêsmara | asung gantèn saking lathi | Ki Sêbdapalo[230] nèng wuntat | sarya angucap aririh | bosên têmên lok patil | mêngko dhidhik alu-alu | Nayagenggong angucap | padha ruruh para nyai | kakang Sêbda ênggo tamba kêsirihan ||
16. Ki Sabdapalon angucap | Genggong pêpadona dhingin | kariya lendam kewala | bêbêrayan lawan gusti | sun bêbênah sêrambi | miliha sêng rada rangkung | Nayagenggong [Naya...]
--- [f. 101v] ---
[...genggong] angucap | sampun padu canthol mami | mangsa oncat kang Sêbda go bêbêrayan ||
17. Ki Sêbdapalon angucap | kamindêlên aku iki | durung nyanthèlakên ujar | ngêndi gone para nyai | parantine aguling | mêngko sore ingong ngabruk | anyêlag gone nendra | kira-kira bancang kalih | aja ninggal Nayagenggong padha rungrang ||
18. parêkan andhèr jarambah | micara sarowangnèki | Radèn Êmas Damarwulan | jawila têka sadhidhik | marang ing awak mami | mandah bungah awak ingsun | rowange siji mojar | dèn senggola awak mami | pan sawarsa nora sun amboni toya ||
19. sawanèh anggigit sêpah | asuwene sun ningali | marang Radèn Damarwulan | sadangune kocar-kacir | amung ta wêtêng mami | anguyuh têka ping satus | Rahadèn Damarwulan | bagusipun amêjahi | mandahane pangarase ing paprêman ||
20. Ni Anjêsmara binakta | migah dhatêng tilam wangi | atma gustine si kakang | kang asawang Dèwi
--- [f. 102r] ---
[Ilustrasi]
Rati | kang asih duwe laki | gustine pun Damarsantun | gandhêsira kusuma | kang anggèndèng-gèndèng ati | mung èsême kang murungakên wong lunga ||
21. Ki Sabdapalon tangginas | lan Nayagenggong angintip | nanging nora kapiyarsa | kupinge dipun sogoki | kadya wong nginggêng jangkrik | prandene nora karungu | kupinge gobrah-gobrah | saking rêmên miyarsèki | awêkasan kupinge jinara pisan ||
22. Ki Damarwulan angucap | yayi manira apamit | ingsun uga arsa lunga | ingutus
--- [f. 102v] ---
dening narpati | arsa magut ajurit | dipun pênêd sira kantun | aja na kari brangta | manira alabuh gêni | arsa magut ing yudane Menakjingga ||
23. nanging kang manira têdha | pangaksamanira yayi | Ki Menakjingga kawasa | nora pasah dening wêsi | sapuranira yayi | nêdha sisip gampil ingsun | dèn tega mring kawula | karia wibawa mukti | akramaa yayi aja kari brangta ||
24. Ni Anjêsmara karuna | daya-deye awèh mami | mangsa boya dika lunga | pan dika dèrèng amukti | alah para dipati | kudu ngungkuli tumênggung | Ranggalawe ing Tuban | sugih bala tur prajurit | saprandene mati dening Menakjingga ||
25. wong siji rosa punapa | ukum wong arsa ngêmasi | wicara yèn bêbalaa | kudu arsa magut jurit | têka maras kang ati | manawi dika tinundhung | dhatêng kiyai bapa | anganggura sun ingoni | yèn matia kawula dados punapa ||
26. Ki Damarwulan angucap | idhêpên ujarku yayi | apan ingong walêsêna | dhumatêng kiyai patih | ingong wong dosa pati | wêkasan ingambil mantu | lan ingsun pirangbara [pi...]
--- [f. 103r] ---
[...rangbara] | junjunga marang kiyai | lah mindêla aja angrêrundah manah ||
27. sira Dèwi Anjêsmara | ambondhèt sarwi anangis | yèn andika sida lunga | pan kawula lumuh kari | dèn konjara sawarsi | sapardene kula tumut | lagi ucul sadina | nuli arsa magut jurit | kakang êmas poma sampun lunga-lunga ||
28. sanadyan dika kesaha | sayakti ingong lilani | dika lunga mancing kakang | kawula kêkêlan mênir | oliha lele siji | sun pêpêcêl lawan jêruk | nadyan ora oliha | sayakti agêlis mulih | lunga pêrang sataun mangsa muliha ||
29. lah sampun dika kadawa | apamit lunga ajurit | lamon yèn andika mênang | yèn kalah dika ngêmasi | yèn dika maksa jurit | kawula angagêm lawung | ngalingi jaja dika | lah payu ingong rewangi | acucuwa lan gêgaman Bêlangbangan ||
30. Ki Damarwulan kèmêngan | amicara jroning ati | wong iki trêsna maringwang | yèn ora sun priha silib | pasthi angrêruwêdi | Ni Anjêsmara sinambut | kusuma kinêlonan | pan sarwi ingari-ari[231] | kinidungan mas ayu kinusya-kusya ||
31. asande kawula kesah | pun kakang gêguyoyon[232] [gêguyo...]
--- [f. 103v] ---
[...yon] yayi |[233] dalane yèn sida lunga | andulu èsêm lir thathit | sawang mênur rinujit | kang asih wêlas maring sun | sapa duwe bandara | gustine pun Damarsasi | ayunira kadi wulan karainan ||
32. manawa balut kang netra | aja sira sok anangis | ora sida pisan-pisan | tan kêna digêguyoni | kèndêl sira sang dèwi | tangginas nulya sinambut | nimas sira sarea | ana kokok bêluk muni | nimas ika ana dokan têtarungan ||
33. asarea ing êmbanan | pun kakang ngidung kêkawin | palugon lawan girisa | jurudêmung lan mênyanyi | wau sira sang dèwi | manahira sampun lêsu | kinidungan kang priya | kêlanthe sinom pangrawit | Anjêsmara sakeca dènira nendra ||
34. binakta mring pagulingan | sinarèkakên aririh | rinangkêpan ulêsira | dhinêsêkan lan guling |[234] wadana sawang sasi | kasênênan padam[235] murub | têka asung wigêna | angaras Ki Damarsasi | lah kantuna mas ayu dèn eca nendra ||
35. tumêdhak Ki Damarwulan | mas ayu kantun aguling | karsane Ki Damarwulan [Damar...]
--- [f. 104r] ---
[...wulan] | umarêk dhatêng ki patih | Sabdapalon nèng wuri | Nayagenggong atut pungkur | wayahe sirêp jalma | Ki Damarwulan wus prapti | sangdyanira apamit dhatêng ki patya ||
36. ki patih aris ngandika | apa karsanira kaki | dalu umarêk maringwang | umatur Ki Damarsasi | ajêng anuhun pamit | kawula arsa anglurug | yudane Menakjingga | arsa atandhing kawanin | yèn sagêda arsa jujung[236] linggih dika ||
37. ki patih alon ngandika | sapa rewangira iki | Ki Menakjingga kawasa | nora pasah dening wêsi | cacak dipati Tubin | Ki Ranggalawe kasambut | nadyan sira jurita | sarênga wong sanêgari | Menakjiga atêguh prawirèng yuda ||
38. Ki Damarwulan amaksa | atur sêmbah nuhun pamit | lah apa ta kaki sira | ora kêna ingsun pênging | Damarwulan wus mijil | kang ulucumbu nèng pungkur | narajang wanawasa | lampahe Ki Damarsasi | Anjêsmara ingkang kantun lara brangta ||
39. wus katur Sang Prabu Kênya | yèn kesah Ki Damarsasi | magut dhatêng Prabalingga | ora gawa bala siji | mung panakawan kalih | Prabu Kênya langkung [lang...]
--- [f. 104v] ---
[...kung] bêndu | ki patih tinimbalan | babu inya dipun aglis | pêpêk kabèh para êmpu lan malandang ||
40. angandika Prabu Kênya | bala ngong ing Majapait | lamon wêdi Menakjingga | ambalika mungpung mangkin | sakèh ponggawa mantri | tanpa ngrasane kalangkung | cacak Ki Damarwulan | punika durung amukti | saprandene wani musuh Menakjingga ||
41. lah wruhanira sadaya | sakèhe wong Majapait | lamon maksih Damarwulan | nora bêdhah Majapait | ujare dewa luwih | kang awèh wangsit maring sun | lah bapa budhalêna | sakèhe wong Majapait | wus sêdhênge amaguta ing ayuda ||
42. sagungi mantri punggawa | sadaya ngaturi pamit | datan kawarna samana | gêgamaning Majapait | asri turangga muni | syaraning bala gumuruh | ingkang lumampah ngarsa | Ki Layangsetra Kumitir | ki apatih wus kondur ing kapatihan ||
43. Ki Layangsetra angucap | mantune rama kiyai | si baring pantêse migat | mojar Ki Layangkumitir | lamon ambangkat kardi | ingkang kaya awak ingsun | lakine Anjêsmara | mantune rama kiyai | dhasar kuru awake lir lêlayangan ||
1 | Nama pupuh Rara Brangta ini merupakan sejenis wangsalan untuk Asmaradana. (kembali) |
2 | angiglag. (kembali) |
3 | saenggane. (kembali) |
4 | banjir. (kembali) |
5 | kumêmbêng. (kembali) |
6 | abure. (kembali) |
7 | lèngsèr. (kembali) |
8 | mendahe. (kembali) |
9 | dika. (kembali) |
10 | yayah. (kembali) |
11 | anênabuh. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: anênabuh kêndhangane. (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: cêlana rante wêsi. (kembali) |
14 | datan. (kembali) |
15 | gumingsir. (kembali) |
16 | kurda (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | pendah. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: dawêg sami apapa. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: kalih dhuh gustinirèki. (kembali) |
20 | Thathit. (kembali) |
21 | bapa-bapa. (kembali) |
22 | karepotan. (kembali) |
23 | soroh (dan di tempat lain). (kembali) |
24 | Variasi: agiris (dan di tempat lain). (kembali) |
25 | dhucung. (kembali) |
26 | winartanan. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: tan kawarna ing ênu. (kembali) |
28 | Nama pupuh Lêbar Tanêm ini merupakan sejenis wangsalan untuk Kinanthi. (kembali) |
29 | jêrojog. (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: saponggawa angêbyoki. (kembali) |
31 | têtigane. (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata: rêmpuhe bala ing Tubin. (kembali) |
33 | Ki. (kembali) |
34 | amlasasih (dan di tempat lain). (kembali) |
35 | tega. (kembali) |
36 | anglungsar. (kembali) |
37 | Kurang satu suku kata: têka lênglêng kula gusti. (kembali) |
38 | muni. (kembali) |
39 | Kurang satu suku kata: wadung pari dika kakang. (kembali) |
40 | pêdhang. (kembali) |
41 | cindhêk. (kembali) |
42 | awotsantun. (kembali) |
43 | rinajang. (kembali) |
44 | Lebih dua suku kata: atanapi mantri Majapait. (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata: ora wande bêdhah kitha Majapait. (kembali) |
46 | Lebih satu suku kata: ingsun aku sudara wèdi. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: boyongana mantuk. (kembali) |
48 | Lebih satu suku kata: sapa gêntèni paman. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: Prabu Kênya angandika aris. (kembali) |
50 | anandêr. (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata: lan mantri Majalêngka. (kembali) |
52 | ingwang (dan di tempat lain). (kembali) |
53 | priyangga (dan di tempat lain). (kembali) |
54 | Lebih dua suku kata: êmbanira Ki Demang Gathul karuna. (kembali) |
55 | Lebih satu suku kata: dèn rêrampa radèn kalih. (kembali) |
56 | kongsêb. (kembali) |
57 | Lebih satu suku kata: ana tiba kapesing. (kembali) |
58 | madyaning. (kembali) |
59 | Kurang satu suku kata: tinarajang tumuli. (kembali) |
60 | alah. (kembali) |
61 | Lebih satu suku kata: ingkang uwus amukti. (kembali) |
62 | kabaranan. (kembali) |
63 | turangga. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: sami dhodhèt kunarpa. (kembali) |
65 | cinamêthi. (kembali) |
66 | pêranakan. (kembali) |
67 | Lebih satu suku kata: iya pêranakan Tuban. (kembali) |
68 | anyanggaa. (kembali) |
69 | Lebih tiga suku kata: Patih Kotbuta malêmpat. (kembali) |
70 | Kurang satu suku kata: ri turakên maring ingong. (kembali) |
71 | inggih (dan di tempat lain). (kembali) |
72 | andika. (kembali) |
73 | Lebih satu suku kata: prênahe rama andika. (kembali) |
74 | ênggone (dan di tempat lain). (kembali) |
75 | andrês. (kembali) |
76 | mênggahing. (kembali) |
77 | Kurang satu suku kata: andika radèn kêkalih. (kembali) |
78 | kunarpa. (kembali) |
79 | radyan. (kembali) |
80 | jêbèng. (kembali) |
81 | dinubangan. (kembali) |
82 | Pupuh 23 Pangkur ini isinya agak berantakan, sepertinya banyak mengulang isi dari Pupuh 21 Pangkur di atas. (kembali) |
83 | suwawi. (kembali) |
84 | Kurang tiga gatra: ke-5 (12u), ke-6 (8a), dan ke-7 (8i). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 68. (kembali) |
85 | Sepertinya ada folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 68 ini karena berdasarkan aturan tembang macapat, halaman f. 68r ini bukan lanjutan dari halaman f. 67v. (kembali) |
86 | Kurang satu suku kata: sambate bala kabranan. (kembali) |
87 | anênggih. (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata: anênggih satriya Tuban. (kembali) |
89 | tanggoh. (kembali) |
90 | Kurang satu suku kata; prajurit ing Balangbangan. (kembali) |
91 | Kurang satu suku kata: soring gorda arêsik nora na tajuk. (kembali) |
92 | ênggène (dan di tempat lain). (kembali) |
93 | kacangking. (kembali) |
94 | Lebih dua suku kata: Ki Kotbuta tinumbak tiba kwalik. (kembali) |
95 | lonjong. (kembali) |
96 | jumbul-jumbul. (kembali) |
97 | manggapuliha. (kembali) |
98 | angrungu. (kembali) |
99 | kumba. (kembali) |
100 | atandhing. (kembali) |
101 | maksih. (kembali) |
102 | rahadèn. (kembali) |
103 | amaksih. (kembali) |
104 | monthah. (kembali) |
105 | obah. (kembali) |
106 | ngur. (kembali) |
107 | sèlèhên. (kembali) |
108 | sêngkan-sêngkaning. (kembali) |
109 | sumarsana (dan di têmpat lain). (kembali) |
110 | Lebih empat suku kata: gêgawane saking ing Lumajang. (kembali) |
111 | Koncar (dan di tempat lain). (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata: kalih Radèn Watangan. (kembali) |
113 | pringganing. (kembali) |
114 | Lebih satu gatra: gatra ke-3 dimasukkan dua kali. (kembali) |
115 | aguling. (kembali) |
116 | madat. (kembali) |
117 | kongsi (dan di tempat lain). (kembali) |
118 | adhêrodhogan. (kembali) |
119 | mundhuk-mundhuk. (kembali) |
120 | sampun. (kembali) |
121 | Kurang satu suku kata: Menakjingga sampun sare. (kembali) |
122 | aglar. (kembali) |
123 | konjara. (kembali) |
124 | Kurang satu suku kata: sampun mênga pintuning kunjara. (kembali) |
125 | dhuh. (kembali) |
126 | bène. (kembali) |
127 | Kurang satu suku kata: ora sun undurana. (kembali) |
128 | anjupuk. (kembali) |
129 | lan. (kembali) |
130 | daging. (kembali) |
131 | saking. (kembali) |
132 | Lebih satu suku kata: saking ing ardi Wilis. (kembali) |
133 | tinandangan. (kembali) |
134 | Kurang dua suku kata: tinandangan dening bala Bêlangbangan. (kembali) |
135 | Biasanya guru lagu i: gêni. (kembali) |
136 | Kurang satu suku kata: dèn pêrdi dèn bandringi. (kembali) |
137 | angga. (kembali) |
138 | ambêkan. (kembali) |
139 | dêbogan. (kembali) |
140 | Menak (dan di tempat lain). (kembali) |
141 | mring. (kembali) |
142 | Kurang satu suku kata: lumampah anang ing ngarsa. (kembali) |
143 | wingking. (kembali) |
144 | èsêming. (kembali) |
145 | ranuhi (dan di tempat lain). (kembali) |
146 | bêlimbing. (kembali) |
147 | Lebih satu suku kata: ora bêtah dika tilar. (kembali) |
148 | atri. (kembali) |
149 | Berdasarkan catatan ini, naskah terlewat satu halaman. (kembali) |
150 | Kurang tiga suku kata. (kembali) |
151 | Kurang empat gatra: ke-1 (8a), ke-2 (11i), ke-3 (8u), dan ke-4 (7a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang terlewat sebelumnya. (kembali) |
152 | Giyanti. (kembali) |
153 | patibra. (kembali) |
154 | asanggup. (kembali) |
155 | Wanodya. (kembali) |
156 | Kurang satu suku kata: ki patih nitih turangga. (kembali) |
157 | alênggah. (kembali) |
158 | Ratih (dan di tempat lain). (kembali) |
159 | sing. (kembali) |
160 | kancana. (kembali) |
161 | sêlir. (kembali) |
162 | padha. (kembali) |
163 | Kurang satu suku kata: kang ngadhaton ing Majapaite. (kembali) |
164 | digjaya. (kembali) |
165 | Kurang satu suku kata: dening rama Sang Brawijayane. (kembali) |
166 | aprang. (kembali) |
167 | kung. (kembali) |
168 | kingkin. (kembali) |
169 | calumpring. (kembali) |
170 | Prabalingga. (kembali) |
171 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
172 | ênggon (dan di tempat lain). (kembali) |
173 | mas. (kembali) |
174 | narpati. (kembali) |
175 | Lebih dua suku kata: atêrêna ing têpis wiringe. (kembali) |
176 | lan. (kembali) |
177 | mencong-mencong. (kembali) |
178 | gawe. (kembali) |
179 | dhêsthi. (kembali) |
180 | Kurang satu suku kata: sêmbari ingong kêkudang. (kembali) |
181 | binanting. (kembali) |
182 | Biasanya guru lagu a: kiyambak. (kembali) |
183 | praptèng. (kembali) |
184 | prênahipun. (kembali) |
185 | kasêmêkanipun. (kembali) |
186 | Lebih dua suku kata: wus tinutur Ki Menakjingga Narpati. (kembali) |
187 | sajroning. (kembali) |
188 | aja. (kembali) |
189 | Lebih satu suku kata: dèn eca manahirèki. (kembali) |
190 | kêbon-kêbon. (kembali) |
191 | kagèt. (kembali) |
192 | dèlèhana. (kembali) |
193 | nglêladèni. (kembali) |
194 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
195 | Lebih satu suku kata: wau sang lir sinom. (kembali) |
196 | Kurang satu suku kata: yèn katêmu aturêna marang mami. (kembali) |
197 | sun. (kembali) |
198 | tumêka. (kembali) |
199 | Kurang satu suku kata: iya ingsun tumêkaa pati. (kembali) |
200 | nadyan. (kembali) |
201 | Kurang satu suku kata: katuwone anglayung rasaning ati. (kembali) |
202 | dhangdhang. (kembali) |
203 | bangka. (kembali) |
204 | luwih. (kembali) |
205 | wiryaa. (kembali) |
206 | Kurang satu suku kata: mangka sida amatèni marang mami. (kembali) |
207 | istiyar (dan di tempat lain). (kembali) |
208 | Kurang satu suku kata: wong agêring pun kakang bisa punapi. (kembali) |
209 | pinanggihkên. (kembali) |
210 | nglampahi. (kembali) |
211 | dika. (kembali) |
212 | rasmi. (kembali) |
213 | dhaplok. (kembali) |
214 | kajantaka. (kembali) |
215 | dhawuk. (kembali) |
216 | Lebih satu suku kata: wus jumênêng jawining kunjara. (kembali) |
217 | sinêndhal. (kembali) |
218 | pinêsu. (kembali) |
219 | babak. (kembali) |
220 | patih. (kembali) |
221 | praptèng. (kembali) |
222 | Kurang satu suku kata: anyandhang sarya endah. (kembali) |
223 | Lebih satu suku kata: wus anduga sêmuning wanodya. (kembali) |
224 | karêpos. (kembali) |
225 | patih. (kembali) |
226 | kukuh. (kembali) |
227 | Kurang dua suku kata: tanpa ana sudarmi. (kembali) |
228 | Lebih satu suku kata: ujar si kakang awiwing. (kembali) |
229 | prapta (dan di tempat lain). (kembali) |
230 | Sêbdapalon. (kembali) |
231 | ingarih-arih. (kembali) |
232 | gêguyon. (kembali) |
233 | Lebih satu suku kata: pun kakang gêguyon yayi. (kembali) |
234 | Kurang satu suku kata: dhinêsêkan lawan guling. (kembali) |
235 | pandam. (kembali) |
236 | junjung. (kembali) |