Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 50–70)
1. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 01–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 14–34). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 35–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Damarwulan, British Library (MSS Jav 89), akhir abad ke-18, #1012 (Pupuh 50–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 154r lanjutan] ---
50. Pangkur
1. kocapa Sang Ratu Wandhan | akalihan wau Sang Raja Agris[1] | lagya sineba sang prabu | pêpêk kang wadya Wandhan | sêsebane andhèr lir kang wukir santun | jagabela wus atata | wong gulang-gulang marapit ||
2. para upêsir atata | pan akathah wadyabala ing Agris | busana pating palancur | asri [a...]
--- [f. 154v] ---
[Ilustrasi]
[...sri] abra asinang | têtabuhan sa nata suka kalangkung | Kapitan Mandrus wus prapta | bala Wandhan lawan Anggris ||
3. sami eca gèn sêseban | pan kasaru dhatênge ki apatih | tinimbalan marang ngayun | dening Sang Ratu Wandhan | Raja Anggris alon dènira amuwus | dèn rada marang ing ngarsa | Ki Patih majêng wotsari ||
4. Sang Nata Wandhan ngandika | adha kêrja êlu datang dhi sini | orang apa banyak itu | ki patih atur sêmbah | igih kula asale wong Majalangu | sêja angungsi kawula | dhumatêng sri narapati ||
5. wiyose atur kawula | dhatêng tuwan dening Sang Prabu Èstri | akrama olih wong dhusun [dhu...]
--- [f. 155r] ---
[Ilustrasi]
[...sun] | dhingin gamêl kawula | mangke dadi ratu anang Majalangu | kawula kinuya-kuya | pan arsa dipun patèni ||
6. yèn sawawi kalih tuwan | linurugan nagari Majapait | eman silih putrinipun | kagarwa ing wong desa | lan prayoga rinêbut aprang apupuh | binêdhah ing Majalêngka | akèh ature ki patih ||
7. Ratu ing Wandhan miyarsa | atanapi sira Sang Raja Anggris | kalangkung gènira bêndu | jajane wingah-wingah[2] | dening dhingin ingong lamar ora mau | mêko laki urang desa | wong lumuh ginawe bêci[3] ||
8. apa têmên atur dika | bilih sira angloropakên mami | Majapait ingong gêmpur [gê...]
--- [f. 155v] ---
[Ilustrasi]
[...mpur] | ratu mada kawongan | ya ta matur Ki Patih Logêndèr wau | kawula dhatêng sumangga | pinundhuta sêca mami ||
9. nulya anabuh tangara | bala Wandhan kalawan bala Anggris | gong bèri muni gumuruh | têtêg kaya butula | sampun pêpêg gumuruh kang saradhadhu | miwah gunatir ing Wandhan | miwah kang para upêsir ||
10. sakèci kalawan kapal | bêbontengan pêrgata wus sumandhi | sêlup lawan lambu kurung | tarap ing palabuhan | wadyabala sadaya numpak pêrau | Raja Anggris lawan Wadhan[4] | wis munggah marang sakèci ||
11. bandera wus binabaran | mariyême pinasang ganti-ganti | pêtêng [pê...]
--- [f. 156r] ---
[Ilustrasi]
[...têng] dhêdhêt anang laut | sampun abêdhol jangkar | sampun babar layare kadya kêkupu | palayune kadya ngêrap | saking santêre kang angin ||
12. nêngêna ingkang lumampah | Nata Wandhan kalawan Nata Anggris | won malih kang winuwus |[5] talatah Majalêngka | padhusunan dinulu asri kayungyun | nakkala[6] Patih Udara | kesahe saking nagari ||
13. pandhita ing pasawahan | atmajane kalangkung ayu luwih | gêgarwa Udara sampun | lami-lami pêputra | miyos lanang warnane anom abagus | Kudarêrangin wastanya | abagus anom birai ||
14. cinarita
--- [f. 156v] ---
lairira | ibunira pêjah konduran dhingin | mila saktine kalangkung | pinupu dening rangdha | pêsawahan ni rangdha mêskin kalangkung | kala angsal pitung dina | ing mangke sampun birai ||
15. Kudarêrangin punika | yèn sêsawah tan darbe kêbo sisji[7] | sabine wiyar kalangkung | pirang-pirang pajungan | yèn maluku wong desa kinêrig purun | kinèn garap sawahira | sapakone dilakoni ||
16. wong desa ora puruna | amaluku sawahe Kudarangin | binithi maisanipun | dening raja pinutra | Kudarangin langkung jêmbar budinipun | ora pasah dening braja | tau tate ngundha lêmbing ||
17. kacarita sampun lama | pan asugih iku ni rangdha miskin | Kudarêrangin winuwus | arsa ngular sudarma | sampun marêk pandhita kang wasis kewruh[8] | êgène sudarmanira | wus kesah Kudarêrangin ||
18. Kudarangin manjing wana | ênêngêna lampahe Kudarangin | kang tapa pucuking gunung | sangêt patapanira | Ajar Tunggulmanik langkung saktinipun |
--- [f. 157r] ---
uninga durung winarah | ajur-ajèr anglampahi ||
19. angalih patapanira | anèng puncaking ardi ingkang inggil | kayungyun pratapanipun | tan wontên ngungkulana | patapane ki ajar ika kalangkung | Kudarêrangin wus prapta | kalih panakawan siji ||
20. Ki Kutis wastane ika | ora kari anginthil anèng wuri | ki ajar alon amuwus | dèn rada marang ngarsa | rajaputra nulya majêng awotsantun | ki ajar alon ngandika | paran karsanira kaki ||
21. dene munggah ing patapan | Kudarangin ature amlasasi | mila umarêk pukulun | arsa ngular sudarma | lah ing pundi ênggène sudarmaningsun | yèn pêjah pundi candhinya | yèn gêsang ênggène pundi ||
22. ki ajar alon angucap | wruhanira anggèr sudarmanèki | tan karuan pêrnahipun | tanbuh pêjah gêsanga | nanging sira ki bagus duwe sadulur | akêkasih Damarwulan | warnane anom jalanthir ||
23. warnane wus kaya sira | angêblêgi anmèmpêr[9] nora irib | pacêking jangga lan bau | asta mindha gandhewa | salirane mrakaning gunting apatut | iku sira ularana | mungpung êênom[10] [ê...]
--- [f. 157v] ---
[Ilustrasi]
[...ênom] dika panggih |[11]|
51. Sinom
1. warnane wus kaya sira | awasta Ki Damarsasi | pan sira ikang taruna | kang tuwa Ki Damarsasi | matur Kudarêrangin | lah ing pundi prênahipun | kula nuli panggiha | lan kadangku Damarsasi | sang pandhita aris dènira ngandika ||
2. lamon sira ularana | sajagat datan kapanggih | kaya nora katêmua | yèn pasthi têmên pinanggih | nanging patudhuh[12] mami | angadhanga ing dêlanggung | ing marga marapatan[13] | matènana sakèh jalmi | yèn wus olih êndhas satus sira benjang ||
3. margane anuli têka | kadangira Damarsasi | anèng marga mêmarapatan [mê...]
--- [f. 158r] ---
[...marapatan] |[14] uwis mangkata dèn aglis | nuli Kudarêrangin | ing ngandha[15] pan sampun rawuh | mudhun saking patapan | ing margi pan sampun prapti | angadhangi anèng margi marapatan ||
4. sampun wontên jalma liwat | Kudarêrangin mêgati | cinandhak nuli tinigas | sirahe sampun kacangking | Ki Kutis kang nanggapi | sakathahe sirah wau | miwah wong kalih dasa | tinigas janggane sami | malah pêjah ikang margi marapatan ||
5. nêngêna kang ngadhang dalan | ucapên Sang Nata Agris | kalawan Sang Ratu Wandhan | Patih Logêndèr kinanthi | ya ta wus prapta sami | têpis wiring Majalangu | padêdesan binahak | wong paminggir padha ngili | apuyêngan kang bala angungsi kitha ||
6. ing Dêmak wus kaliwatan | i Kudus kang dipun ancik | wus têluk mring Nata Wandhan | warnanên ing Majapait | Prabu Anom tinangkil | pêpêk sagung para arum | êmpu lawan malandang | tumênggung lawan ngabèi | pêpêk kabèh adèn-adèn Majalêngka ||
7. Buntar Watangan ing ngarsa | Ki Menak Koncar papering | umatur Ki Mena Konjar[16] | Raja Wandhan andhatêngtêngi[17] [andhatêng...]
--- [f. 158v] ---
[...têngi] |[18] lawan Sang Nata Anggris | suwawi gusti pinêthuk | suka pun Menak Koncar | dadi bêbantêning jurit | Prabu Anom aris dènira ngandika ||
8. lah mara sira budhalna | punggawa lan para mantri | sira miyosa ayuda | Buntaran sira tur bakti | tangara ing ajurit | gumêrêh wong Majalangu | umyang anata bala | kumêrab ingkang turanggi | kalantaka wêlur sami ingusungan ||
9. pêdhang tamèng lan sarampang | godebag lawan jamparing | dhadhap ganjur lawan panah | dalugdag pan tinon asri | binangbung ampèl jinggring | umbul-umbul lan lêlayu | ponthang lan waos sulam | waos cêmêng angidêri | waos pêthak pan sami sopal kancana ||
10. Prabu Anom Majalêngka | malêbêt ing dalêm puri | kusuma ayu amapag | apamit ing para rabi | sampun prapta ing puri | kinanthi kusuma ayu | lan Dèwi Anjêsmara | Waita Puyêngan sami | wus pinarêk kaliwan[19] garwa sakawan ||
11. apamit dhatêng kang garwa | arsa miyosi ajurit | kalawan Sang Ratu Wandhan | umyang sagung para putri | tan wontên purun kari | pêjah gêsang ajêng tumut | ya ta Sang Prabu Kênya | umatur [u...]
--- [f. 159r] ---
[...matur] marang kang laki | pêjah gêsang tan purun pisah kawula ||
12. Ratna Dèwi Anjêsmara | umatur marang kang laki | kawula tumut ayuda | aningali wong ajurit | ya ta busana sami | sakathahe para arum | Prabu Anom wus mêdal | ingiring ing para putri | nitih jolang Prabu Anom lan kang garwa ||
13. katiga Ni Anjêsmara | sakawan Putri Walèri | kalima Dèwi Waita | wus munggah ing joli sami | miwah kang para sêlir | anitih tandhu adulur | jajarane baranang | wus tinon langkung ngajrihi | panganggène putri kang rakit badhaya ||
14. miyos kang baris satata | Radèn Buntaran ing ngarsi | wong Daha sapolahira | dinulu têka ngajrihi | gêgamane ngidêri | wong Tuban ika wus rawuh | busana sarya endah | banderane warni-warni | abra sinang ingkang kulambi sangkêlat ||
15. durapatine wong Tuban | wong Jagayuda angapit | dinulu lir macan galak | wong Lumajang anusuli | abra busananèki | asikêp watang adulur | sira Ki Menak Kocar | nitih kuda dèn payungi | Prabu Anom ginarêbêg ing punggawa ||
16. pan sampu karya panggungan | awiyar langkung [lang...]
--- [f. 159v] ---
[...kung] ainggil | Prabu Anom sampun munggah | pêpanggungan tinon asri | sakèhe para sêlir | wus munggèng anang ing panggung | dene Sang Prabu Kênya | Anjêsmara rowangnèki | Ni Waita pinarêk lawan Puyêngan ||
17. aningali wong ayuda | sakathahing para putri | pêpayone sangkêlat bang | pinalisir sutra kuning | kalangkung adi luwih | panganggène para arum | surêm kang giwangkara | kadya yangyang munggèng tulis | sêsupene lir kêkunang ambaranang ||
18. ikang masêh ing ayuda | Menak Koncar kang wêwangi | ikang nata-nata bala | Buntar Watangan prajurit | sagung para kapilih | dadi pangiriding kayun | dene kang dadi dhadha | Ki Menak Koncar prajurit | sabalane pan sami prajurit yuda ||
19. wus pêpêg mancanagara | dipati urut pasisir | Ki Adipati ing Jipang | Madiun lan Prênaragi | Kaduwang Watu Urip | Dipati Kaputran rawuh | Pacalang Gagaraga | Kincang Kinandhang wus prapti | atanapi ing Bata lan Padhomasan ||
20. Sidapaksa Pajarakan | ing Rêmbang Wajak Waturip | awor lawan Menak Koncar | tatal Padhomasan [Padhomasa...]
--- [f. 160r] ---
[...n] prapti | sadaya sami prapti | bopati pasisir kidul | Rawa Kalangbrèt prapta | Japan Pasuruan prapti | pêpêk kabèh sabusananing ayuda ||
21. Têtêgal Barêbês prapta | Gêbang Carêbon wus prapti | Kapêthakan Singaraja | Drêmayu Ciasêm prapti | Dipati ing Cilêngsi | Cianjur kalawan Bandhung | Parakan Muncang prapta | Sumêdhang lan Kandhang Wêsi | Sokapura Ciamis Imbanêgara ||
22. Kawasèn lawan Sêlaga | Wange lawan Batangaji | Dhayaluhur lan Banyumas | Roma Bagêlèn wus prapti | lawan wong Wora-wari | wong Rendhetan Cêkalsèwu[20] | Lêlêdhok Bogawanta | Kêdhu lawan Adipasir | Gunungkidul Mataok Lêbak Pacitan ||
23. Pêmabêng lan Pêngangsalan | Wiradesa lan Lajami[21] | Batang Kêndhal Palabuhan | Adipati Lèpèntangi | Samarang lan Trêbagi | Dêmak lawan Cêngkalsèwu | wus prapta Majalêngka | sarupane tanah Jawi | awanapi[22] wong Yogya lan Kêrtasura ||
24. kang dadi pangawak kiwa | Radèn Buntaran prajurit | kang têngan[23] Radèn Watangan | Menak Koncar kang dhadhani | kumrab turangga asri | kang surak umyang gumuruh [gumu...]
--- [f. 160v] ---
[Ilustrasi]
[...ruh] | gêgaman abra sinang | wus tata tinon ngajrihi | aprang papak wong Wandhan mundur sadaya ||
52. Durma
1. kapiyarsa surake wong Majalêngka | wong Wandhan lan Wong Anggris | wus mangkat sadaya | surak ambal-amban[24] |[25] gumêrah bêndhe gong muni | tambur angawang | salomprèt lawan suling ||
2. nulya maju wong Tuban lir saradulah | atanapi wong Anggris | pan sampun pinapag | dening bala ing Daha | agragut[26] kang bala mantri | ramening yuda | wong Tuban anungkêbi ||
3. nulya maju wong Wandhan lawan wong Tuban |
--- [f. 161r] ---
[Ilustrasi]
wong Lumajang nangkêbi | têmpuhing ayuda | kadi bangawan bêna | sêrêg-sinêrêg awani | buntar-binuntar | têmpuh pasir lan mimis ||
4. tarung pêdhang gumêbyar kadi gurinda | suraka bala ing Tubin |[27] saur-sinauran | maju ran wong Daha |[28] akuwêl lawan wong Anggris | umyang wurahan | lir gêlap barung thathit ||
5. tandangira wong Tuban lir saradulah | pangamuke ngajrihi | ora nolih rowang | samya rêbut bandhangan | wong Anggris angrangsêg wani | marang wong Daha | pangamuke mangukih ||
6. umbul-umbul kadi andaru atiba | bêdhil nora na muni | akuwêl kewala | sami silih marjaya | pêrange agênti kêris | ramening yuda | wong
--- [f. 161v] ---
Anggris akèh mati ||
7. ana ingkang ambithi padha baturnya | kêwêl[29] banting-binanting | saking puhing pêrang | tanbuh musuh lan rowang | èngêt yèn batur pribadi | arêrakulan[30] | jaluk sapura sami ||
8. wong ing Majapait kèh tinumbak latah | arang kang mêmpan mimis | kang pinêdhang kontal | sinuduk angajiwat[31] | bala Anggris kathah mati | pating sulayah | dening wong Majapait ||
9. ana ingkang tinampèl kêpêng kewala | tulup pasêr dhatêngi | talèrèping pêdhang | kadi kilat lawanan | awor kukus gutuk api | bêdhil rêrangkang | pan kadi têngah wêngi ||
10. watang putung lir sarah kèli nèng toya | daludag tinon asri | lir ganggêng kumambang | bêdhil tiba nèng lêmah | bêndhe lir bulus nèng wari | sambat kabranan | lir udan sinamèni ||
11. kang sawanèng[32] anangis sêsambat bapa | ana asambat nini | ana sambat paman | ana kang sambat uwa | ana ingkang sambat rabi | wong Anggris Wandhan | pitung laksa kang kanin ||
12. ya ta sigra wau Radèn Menak Koncar | nitih kuda sêsirig | masah ing ranangga | sarwi angikal watang | kumitir ing asta kalih |
--- [f. 162r] ---
putra ing Tuban | mangsêh rana ngajrihi ||
13. Adipati ing Daha Radèn Watangan | sampun mangsah ngajurit | lir gabah ngintêran | rame abilulungan | kumêrap ingkang ngêmbuli | Radèn Watangan | tinumbak kanan kèri ||
14. wong têtiga sarêng dènnya ngamuk rampak | yèn tinon angajrihi | kadya saradulah | galak amangsa sarpa | wong Wandhan Anggris ngêbyoki | Ki Menak Koncar | panggêh datan gumingsir ||
15. kang katêmpuh dening satriya têtiga | larut kathah kang mati | lir sêsapu wudhar | satêngahing paprangan | bala Wandhan lawan Anggris | gêmpur sadaya | malajêng ingkang kanin ||
16. Ki Dipati Lumajang Ki Menak Koncar | langkung prawirèng jurit | angamuk manêngah | miwah Radèn Buntaran | Radèn Watangan prajurit | pangamukira | kasaput dening wêngi ||
17. enjang malih tangkêpe ing wong ayuda | bêndhe gong lawan bèri | Rahadèn Buntaran | wau pangamukira | bala Wan Anggris ngisis |[33] samya lumajar | sakarine kang mati ||
18. ti[34] sulayah wadya Anggris lawan Wandhan | kang panggêh padha mati | sami kabarasat | gègère [gè...]
--- [f. 162v] ---
[Ilustrasi]
[...gère] apuyêngan | wong Majapait nyuraki | miwah Lumajang | Daha kalawan Tubin ||
19. Layangsetra Layangkumitir lumajar | wong roro niba tangi | langkung dènnya giras | bala Wandhan kèh pêjah | palayune lonjong mimis | lan arinira | Radèn Layangkumitir ||
53. Asmaradana
1. warnanên Kudarêrangin | ingkang ngadhangi dêdalan | pan kongsi marti margine | sok wong liwat dipun tigas | salawe kalih dasa | anulya tinigas sampun | wus kumpul sirahing jalma ||
2. wus kathah sirahing jalmi | nanging ta kirang sanunggal | kasêlêk mati margine | siyang dalu dènnya ngadhang | nora nana wong liwat | ya ta pêgêl manahipun | Kudarêrangin [Ku...]
--- [f. 163r] ---
[Ilustrasi]
[...darêrangin] angucap ||
3. kaya prihe[35] akal iki | kirange sirah satunggal | lah Kutis sira sun taros | êndi silih êndhasira | ingsun tigase iya | sun karya gêgênêpipun | sirah iki kirang satunggal |[36]|
4. age-agea pêpanggih | lan kadangku Damarwulan | Ki Kutis abêkis mangko | iki silèh basakêna | kang mongmong cilik mula | adhuh têka dudu padu | êndhasku amung satunggal ||
5. bula si duwela[37] kalih | sun aturakên satunggal | dhuh radèn sampun mangkono | bilih widhung awak kula | wong ora duwe êndhas | yèn mangkene têmahipun | mangsa ngawula mring dika ||
6. ujêr têmên ingsun iki | rahadyan [rah...]
--- [f. 163v] ---
[Ilustrasi]
[...adyan] dhatêng andika | nadyan duwe êndhas roro | pan kula mangsa sukaa | mandah êloking basa | wong rêrusak pagêr ayu | radèn arya latah-latah ||
7. kasaru Layangkumitir | kalawan Ki Layangsetra | radèn kalangkung bungahe | amicara jroning nala | ika luwih satunggal | wus tibane antakamu | kang siji bae sun tigas ||
8. angucap Kudarêrangin | kang siji sira mandhêga | kang siji liwata age | siji bae ingsun tigas | marene êndhasira | sun karya gêgênêpipun | lah iki kurang satunggal ||
9. pan ingsun arsa udani | sadulurku Damarwulan | Layangkumitir manahe | kalangkung denira maras | dening arêp [arê...]
--- [f. 164r] ---
[Ilustrasi]
[...p] ditigas | miyarsa wêcananipun | yèn sanake Damarwulan ||
10. wuwuse amêlasasi | andhêngku anèng sampeyan | rahadyan kawula takon | milanipun sapunika | anigas sakèh jalma | dalah kosi alum tungtum | Kudarêrangin angucap ||
11. pan ingsun arsa pêpanggih | kalihan kadang manira | Ki Damarwulan wastane | lan tudhuhwe[38] wong atapa | yèn ingsun matènana | kongsi olih êndhas satus | ing benjang ingsun kapêndhak ||
12. kalawan Ki Damarsasi | iki ta kurang satunggal | tan olih angadhang ingong | kaparênga sira têka | lah mara ingsun tigas | Layangkumitir umatur | mangke kawula wêwarta ||
13. sampun dika amêjahi | lah mangke
--- [f. 164v] ---
kula uninga | ênggène kadang sang anom | igih wontên Majalêngka | kang aran Damarwulan | kinonjara ing sang prabu | Sang Ratu ing Majalêngka ||
14. kalangkung kawêlasasi | sêsambate ngaru-ara | yèn siyang sangêt diêpe | pan kodanan kapanasan | botên sinungan têdha | lamon dalu dipun êkum | kinamadhuh sinêmpyokan ||
15. Rahadyan Kudarêrangin | bramatyanira kalintang | sarya mijil ing waspane | angucap êndi prênahnya | êgone kinonjara | lan sapa jênênganamu | Layangkumitir maturnya ||
16. igih kawula puniki | putranipun Ki Apatyah | Logêndèr ikang tinaros | dening Sang Ratu Wanodya | mulane minangsraya | igih prakawis puniku | dening Ratu Majalêngka ||
17. kang jumênêng ratu mangkin | angsale têtiyang desa | cêcèkèr longaning bale | mila kawula kalintang | angrêbat Damarwulan | iku kalêbu sadulur | iya aran Damarwulan ||
18. nêgih kapindhone malih | iku aran Damarwulan | kawuwuhan dadi ipe | mantune pun bapa patyah | mila angsru angrêbat | siwêk kula aprang cucuh [cu...]
--- [f. 165r] ---
[...cuh] | lawan Ratu Majalêngka ||
19. kawula botên kawawi | mila kula minangsraya | ing Ratu Anggris Sang Katong | siwêg kacucuh punika | Ratu Anggris lan Wandhan | wong Wandhan kathah kapupu | bala Anggris kathah pêjah ||
20. kalangkung jêglong kang baris | sakèhe wong Majalêngka | wong pasisir kerut kabèh | pêpêk anèng pabarisan | sakèh para dipatya | mila bala Wandhan mawur | bala Anggris sakèh rusak ||
21. Ki Layangsetra Kumitir | amuwus sarwi rêrêmpa | yèn sêwawi ta sang anom | lah dawêg sami rinêbat | mungpung wontên ing wrana | Sang Ratu ing Majalangu | dawêg ingamuk kewala ||
22. Rahadèn Kudarêrangin | amuwus sarwi bramatya | iya mayu aja suwe | ing ngêndi ênggone iya | kadangku Damarwulan | kang dèn pinalara iku | dening Ratu Majalêngka ||
23. yèn kang Damarwulan mati | ngantia bale si atma | pangangên-angên prênahe | kakang sun belani dika | lah payu Layangsetra | Layangkumitir ja kantun | ingsun labuhi paprangan ||
24. Rahadyan Kudarêrangin | lampahira gêgancangan | agea prapta ngêgone[39] | tan asuwe nulya
--- [f. 165v] ---
prapta | ing satêngahing rana | Kudarêrangin amuwus | dhatêng Radèn Layangsetra ||
25. ngêndi ênggone puniki | barise wong Majalêngka | Layangkumitir ature | inggih punika rahadyan | ngêbêki arah-arah[40] | kang rada pangawak kidul | kang êlèr mancanêgara ||
26. wong Wandhan lawan wong Anggris | wus sami atatan-tatan | surak-sinurak arame | wong Anggris lawan wong Wandhan | sampun sami anembak | syaraning bêdhil gumrudug | gutuk api lan gurnada ||
27. wong Majapait malêsi | abêdhil lir gunung rêbah | ambrêg-ambrêgan syarane | lir pendah wana kabakar | pêtêng dhêdhêt i rana | malah kadi têngah dalu | dening kukusing sundawa ||
28. sampun campuh punang jurit | wong Wandhan pangawat kiwa | wong Anggris nêmpuh dhadhane | arame silih marjaya | wong Anggris sampun nêngah | wong Majapait angrutug | ambendrong lawan sênjata ||
29. pangawat kanan nangkêbi | wong Anggris kang tinangkêban | wong Anggris tanbuh polahe | wadyabala ting sulayah | kathah mantri katrawan[41] | wong Wandhan akèh kapupu | pan
--- [f. 166r] ---
sami pating sulayah ||
30. Layangkumitir ningali | tandange Ki Menak Koncar | gumêtêr katut kupinge | manahira tab-êtaban | matur dhatêng Rahadyan | Kudarêrangin amuwus | mungkura yèn wus karuwan ||
54. Pangkur
1. Kudarêrangin angucap | lah ta mêndi barising Majapait | Ki Layangsetra umatur | igih punika radyan | kang anglingkung dhatêng bala Anggris wau | muwah ka wadya ing Wandhan | wong Anggris akèh kang mati ||
2. Kudarêrangin angucap | wus tangtangên mêngko ingsun kêmbuli | Ki Layangsetra amuwus | sampun kawula tangtang | duk karuhun kawula sangêt binuru | kapal kawula kabandhang | milane kawula ajrih ||
3. Kudarêrangin angucap | alah ta payu Kutis sun ajak mati |[42] pun Kutis alon amuwus | lamon boya pambêngan | sira radyan amèsêm sarya amuwus | palangan apa ta sira | pun Kutis alon nauri ||
4. kawula arsa têtoya | ing Garêsik cêcewok Majapait | rahadyan alon amuwus | lah mara nênangtanga | bopatine kang padha sakti lan ingsun | aja ngajokakên bala | majua padha sinakti ||
--- [f. 166v] ---
5. wong Wandhan Anggris limbungan | pan wus ilang wau tataning baris | prajurit kathah kapupu | tandang sira rahadyan | pan tumingal bala Wandhan Anggris lêbur | rahadyan narik curiga | ingamuk wong Majapait ||
6. dhadhal barise wong Rêmbang | ing Garêsik sami lumajêng iki | Kudarêrangin angiwud | pangamuk mènêngah[43] |[44] padha larut Dêmak Pathi lawan Kudus | Kudarêrangin anêngah | ngusir baris Majapait ||
7. ingusêd[45] bopatinira | ya ta wau pinaribuh ing mantri | tinumbakan saking pungkur | pinêdhang tinamsiran | pan ingêbyok bandera kalawan ganjur | pinoporan lan sênjata | kinarocok saking wingking ||
8. Kudarêrangin punika | ora kêna binendrong lawan bêdhil | tan kêna endhe lan ganjur | ora kêna winatang | ora kandhêg pangamuke liwang-liwung | rahadèn sampun anêngah | wong Majapait kèh mati ||
9. rahadèn pangamukira | lir diradya[46] amêta angajrihi | ingkang parêk dipun suduk | ikang têbah winatang | ikang nitih kuda pan binanting sampun | kang dharat pating sulayah | rêsak bala padha mati ||
10. rahadyadyan[47] [rahadya...]
--- [f. 167r] ---
[Ilustrasi]
[...dyan] sampun anêngah |[48] baris agêng ing Tuban kang dèn usir | Badholèng lawan Sidayu | Jipang lan Gêrobogan | samya ngêlun wadyabala datan maju | gandera lêlayu rêbah | kasaru suruping wêngi ||
11. Sang Nata Wandhan ngandika | wau marang dhatêng rêkyana patih | bapa ingsun mau dulu | sapa sintên punika | bocah êndi dene rupane abagus | ki apatih matur sira | gih punika putra mami ||
12. inggih tunggile punika | Layangsetra lawan Layangkumitir | atanapi sanès ibu | sêlir kula sing desa | Nata Wandhan Ratu Anggris mangke muwus | kamaynyangan[49] putranira | yèn bêdhah ing Majapait ||
13. sun bil mantu ika benjang | pan dadia prabu anom ing benjing | sun srahi dhangdhang[50]
--- [f. 167v] ---
[Ilustrasi]
pangalum | sinebaa ing benjang | sun sèrèni iku saèmbaranisun[51] | ki patih umatur sigra | inggih punika sang aji ||
14. têmêne inggih sang nata | apan dede anak kula pribadi | bocah angsale mêmupu | apan kasurang-surang | botên wontên purun kanggenan sang prabu | ingarana[52] bocah sangar | bèbète wong anyalêkit ||
15. lan malihipun punika | bèbèting wong budhug agêrègèli[53] | punika bisa anêluh | setane gêgajahan | sabèbète padha mati dipun têluh | kaliwat gènira sangar | akèh ature ki patih ||
16. sang nata kanggêk kang manah | Nata Wandha[54] gêgêtune [gê...]
--- [f. 168r] ---
[Ilustrasi]
[...gêtune] tan sipi | dening eman têmên iku | ki patih aturira | têmbenipun kenging kaparêkan iku | kaya wong inggih-inggiha | tur asring anguciwani ||
17. Sang Nata Wandhan ngandika | lah tundhungên aja anang ing riki | dadya sangar balaningsun | aja wèh cêcampura | wus tinundhung Kudarêrangin agupuh | kinuyah-kuyah wong kathah | Kudarêrangin lumaris ||
18. Kudarêrangin wus kesah | manjing wana sarwi anutuh ragi | katuwone awak isun | liwat sêngsayanira | wus cêlêke karsaning bathara luhung | dening liwat luwih ajar | sapakone sun turuti ||
19. kinèn isun ngadhang dalan | amêjahi jalma tanpa dosa ki | kinên nigas êndhas satus [sa...]
--- [f. 168v] ---
[...tus] | nuli sira kapêndhak | lan sanakmu Ki Damarwulan puniku | ujare si bapa ajar | ing mangke datan kapanggih ||
20. kaliwat dosa wak iwang | ila-ila sampun dhêngdhaning Widi | nadyan cêla awak ingsun | matèni tanpa dosa | anging besuk ki ajar lamon katêmu | payu Kutis pinaranan | sun munggah ing ardi Manik ||
21. pun Kutis matur sandika | inggih dawêg sampun layatên malih | ki ajar tinagih sanggup | kayangapa yèn cidra | wong atapa amangan brabakan[55] kayu | i benjang si lamon oncat | patapane sun isingi ||
22. sigra rahadyan lumampah | sampun prapta patapan Tunggulmanik | ki ajar pan sampun wêruh | sangêt gènira tapa | sampun migah pucuking gunung Mamèru | pan sampun angraga sukma | Kyai Ajar Tunggulmanik ||
23. rahadyan pan sampun munggah | wus kapêndhak Ki Ajar Tugulmanik | Kudarêrangin amuwus | èsmu sêrêng kang ujar | kadya pundi ing lampah kula sang wiku | saujar tuwan ing kina | sadaya kula lampahi ||
24. ki ajar mèsêm angucap | lah ta uwis kari satindak malih | abalia anak ingsun | lamon sira amêndhak | rare [ra...]
--- [f. 169r] ---
[...re] anom abagus prawirèng kewuh | yèn sira abratayuda | padha digjayane sami ||
25. yèn ana sêsumbar ika | lah rêbutên ingsun padha prajurit | dèn kongsi lumaksèng kewuh | iya ingsun punika | lah rêbutêtên[56] putrane sang maha wiku |[57] iya putrane Udara | pêpatih ing Majapait ||
26. iku rangkulên dèn kêbat | iya iku sadulurmu sayakti | nanging kêwasa sirèku | iya lan Damarwulan | lawan sira pan tuwa Ki Damarsantun | sira kang panggulu ika | lah uwis mudhuna malih ||
27. Kudarêrangin wotsêkar | wus tumêdhak saking ing ardi sungil | dèn sêru ing lampahipun | sigêgên sira radyan | ing Kêmboja ing wau ingkang cinatur | natkala lagi i kuna | putrane gêrah tan sipih ||
28. sang nata asaèmbara | nuli ana Patih Udara prapti | tinambanan tan asantun | tumulya sira waras | kacarita pan adarbe putra jalu | awasta Kudatilarsa | abagus anom birai ||
29. kajinêman kawan dasa | sira Radèn Kudatilarsa iki | kalangênani[58] puniku | bêbêdhag anèng wana | kajinêman kawan [ka...]
--- [f. 169v] ---
[...wan] dasa rowangipun | sami ginadhuhan kuda | rare kawan dasa iki ||
30. rare sami malad-malad | kawan dasa sami padha prajurit | Kudatilarsa puniku | langkung dènira girang | pêdhang tamsir tumbak kêris datan kewuh | tanapi bêdhil lan panah | tan ana ginawe gati ||
31. kocapa ki ajar prapta | Tunggulmanik dhatêng putranirèki | pan sampun raga sumèku[59] | lampahe kiya ajar | angandika sira sang amaha wiku | adhuh putraningsun nyawa | aja katungkul sirèki ||
32. lungaa angularana | sanakira aran Ki Damarsasi | ruruhên dipun katêmu | mêngko sêdhênge nyawa | sêkar kuncup mêngko sêdhêng mêgaripun | aja kari ing pratingkah | tindakana dèn sayakti ||
33. Kudatilarsa anêmbah | dhatêng sira wau sang maha yakti | Kudatilarsa umatur | ing pundi kang nagara | kai ajar mèsê[60] pan sarwi amuwus | yèn sira abratayuda | padha digjayane sami ||
34. sira sumbara mangkana | iya ingsun putrane maha yakti | Patih Udara karuhun | wong saking Majalêngka | iya ingsun putra sing Kaboja[61] Ratu | si eyang Prabu Kamboja | ingsun kinudang yèn sakti ||
35. uwis ta lungaa sira | ularana kadangmu
--- [f. 170r] ---
Damarsasi | ki ajar wasis ing kawruh | musna tan katingalan | Kudatilarsa manahira langkung ngungun |[62] dening ta nora apajar | yèn lunga sudarmanèki ||
36. Kudatilarsa ngandika | dhatêng sakèh pawongan kawan dasi | lah payu padha bêburu | kabèh sira dangdana | wus sumaos sakèhe wong patang puluh | datan talangke wus mangkat | lir pendah misa ginira |[63]|
55. Durma
1. sampun mangkat rahadyan arsa bêbêdhag | angambah ing wanadri | sakèh buron wana | malayu kabarasat | binêrêg ing kuda sami | ana sasaran | ana milar mring ngigil ||
2. ya ta sira rahadèn nêmoni kidang | apêthak ikang warni | anulya binêdhag | kalawan kuda kathah | kinêpung-kêpung tan kêni | kang kidang pêthak | yèn têbah angêntèni ||
3. sampun lêpas lampahe Kudatilarsa | kocap Kudarêrangn |[64] aningali kidang | apêthak lir ginêntang | arêmên dènnya ningali | wus ingadhangan | sinuduk kidang putih ||
4. ora kêna kang kidang anulya ilang | Kudatilarsa prapti | tumingal ta sira | lamo[65] kang kidang ilang | bramatya dènnya ningali | yèn ana jalma | mêgati kidang putih ||
5. sapasune wani-wawani[66] [wani-wa...]
--- [f. 170v] ---
[Ilustrasi]
--- [f. 171r] ---
[Ilustrasi]
[...wani] têka balang |[67] marang buronku iki | dene tanpa ngrasa | rêrèncèn wani mringwang | ora dèn garap kang kulit | gunung Pasundhan | kodhèk matamu cinthit ||
6. Kudarêrangin asru dènira ngucap | dening dimajanani | iya si apaa | pan iku buron wana | pan durung kêni sirèki | maksih alasan | singaa ingkang olih ||
7. Radèn Kudatilarsa asru angucap | pan iku buron mami | si desa alanyap | kudu wani mariwang[68] | Kudarêrangin nauri | sira kang lanyap | paksa dèn kawêdèni ||
[Ilustrasi]
--- [f. 171v] ---
8. Radèn Kudatilarsa langku[69] bramatya | angucap anudhingi | sarwi akon nyandhak | lah padha êbyokana | garumungên dipun kêni | wong kawan dasa | sadaya angêbyoki ||
9. Radèn Kudarêrangin wus ingêbyokan | dening wong kawan dasi | sami cinêkêlan | liniput cinêkêlan | Rahadyan Kudarêrangin | asru angucap | aja kadawa iki ||
10. kang sawanèh ana ngarah kêrisira | nanging ta datan kêni | ana rêbut wastra | ikêt sabuk tan kêna | Rahadyan Kudarêrangin | asru bramatya | kinirigakên aglis ||
11. ting palêsat kajinêman kawan dasa | ana tiba kawalik | ana kang kasingsal | ana tiba ing sela | ana kang kongsêb kabanting | katanggor tunggak | ana tiba kapesing ||
12. lêlurahe kêkalih wong kajinêman | wasta pun Sangupati | lawan Singapraya | wong padha gêgangsingan | netrane padha mundêlik | tau ethengan | banthèng asring ngêmbari ||
13. macan warak punika asring anyandhak | punika padha siji | anulya angucap | dening ta padha cabar | angêmbari wong saiji | padha atiwas | kaya wong kurang bukti ||
--- [f. 172r] ---
14. nulya maju Singapraya asêsumbar | lah adhi Singapati | mara tingalana | aja milu anyandhak | têka cawisa têtali | aja sumêlang | isun ikang nalèni ||
15. sampun sira yun-ayunan asêsumbar | narajang anuduki | sarwi sira nyandhak | sira pun Singapraya | Rahadèn Kudarêrangin | pan ora ginggang | panggêh datan gumingsir ||
16. dipun sêrêg cinandhak kang ikêt pigang[70] | Radèn Kudarêrangin | apan ora obah | Singapraya angucap | lah mangke sira sun banting | têka nututa | tanganmu sun talèni ||
17. ya ta sigra rahadyan malês anyandhak | Singapraya cinangking | anèng asta kiwa | binuwang alang-alang | kumarosak sambat mati | lah tulungana | adhiku Singapati ||
18. Singapati bramatya sira tumingal | narajang anuduki | anging sira radyan | sinuduk ora obah | pun Singapati cinangking | nulya binuwang | tiba kawalik-walik ||
19. Radèn Kudatilarsa asru bramatya | mara sarwi nudhingi | si desa apaksa | kudu wani marang wang | mundura yèn arêp urip | Kudatilarsa | anyandhak tan asari ||
20. Radèn Kudarêrangin asru
--- [f. 172v] ---
angucap | ora na watêk mami | ya colong galanggang | tigal[71] musuh adêgan | bèbète si bapa dhingin | Kudatilarsa | anjungjung tan asari ||
21. Radèn Kudarêrangin ajungjung sigra | jujung-jinungjung[72] sami | pan padha prawira | sami narik curiga | suduk-sinuduk agênti | pêrang-pinêrang | sami banting-binanting ||
22. pan binuwang ambuwang sami tibanya | mara Kudarêrangin | pun Kudatilarsa | sami narik curiga | sarya sêsumbar ngajrihi | aja na oncat | payu padha wong bêcik ||
23. iya ingsun putrane Patih Udara | wong saking Majapait | isun pan kinudang | dening rama ing kina | dadia prajurit sakti | pan apratapa | rama ing Tunggulmanik ||
24. apan ingsun kinèn aruru mring kadang | sanakku Damarsasi | pan dèrèng kapêndhak | sira dadi wigêna | Rahadyan Kudarêrangin | ering kang manah | ririh dènnya marani ||
25. sira Radèn Kudarêrangin angucap | pan sarwi amarani | nyarungkên curiga | sampun aring kang manah | aling pan sambi marani | angling rahadan | paran ujarirèki ||
26. iya Kudatilarsa asru angucap | iya ingsun puniki |
--- [f. 173r] ---
[Ilustrasi]
putra sing Kaboja | aran Kudatilarsa | Patih Udara karihin | ini kang aputra |[73] kang tapa Tunggulmanik ||
27. Radèn Kudarêrangin alon angucap | dhuh têmên ari mami | sampun ta pinajar | ingsun ngulati kadang | ikang aran Damarsasi | sampun kantênan | yèn wontên Majapait ||
28. kinonjara kadangira Damarwulan | ing Ratu Majapait | ingsun wus payuda | lan Ratu Majalêngka | angrêbut Ki Damarsasi | lan Ratu Wandhan | lawan sang Ratu Anggris ||
29. sinakitan kadangira Damarwulan | agung dèn bêbêthèki | dèn êpe yèn siyang | pan sarwi ingoboran | yèn dalu dikum sawêngi | winor lan upas | tuture Layangkumitir |[74]|
30. ngaruara [ngaru...]
--- [f. 173v] ---
[...ara] sêsambate kadangira | iku Ki Damarsasi | tan sinungan pangan | iya kang Damarwulan | kang jumênêng Majapait | wijil wong desa | ibu bèbèt pêkathik ||
31. Kudatilarsa wau asmu karuna | pan sarya muwus aris | igih dawêg kakang | rinêbat dhatêng rana | sampun kalayatên malih | lah dipun kêbat | ingamuk Majapait ||
32. sampun mangkat rahadan[75] sakalihira | wong kawan dasa ngiring | ya ta won prapta |[76] susulan sing Kaboja | wolung dasa sampun prapti | anitih kuda | ngagêm panah lan lêmbing ||
33. nulya kanggêk lampahe Kudatilarsa | utusan matur aris | inggih kula radyan | ingutus rama dika | ibu dika lok anangis | inggih panduka | kinèn ngraturi[77] mulih ||
34. iya sira sukur si kalamon prapta | matura ibu mami | ingsun amitêna | angrêbut kadang ingwang | ikang aran Damarsasi | roro muliha | matura ibu mami ||
35. sarupane iku ingkang têka anyar | payu iringên mami | ingsun arsa aprang | anggêmpur Majalêngka | angrêbut sadulur mami | pan kinonjara | ing Ratu
--- [f. 174r] ---
Majapait ||
36. sigra bubar sampun prapta pabarisan | angapung[78] mring wong Anggris | pan kala samana | wong Anggris lagi pêrang | kalawan wong Majapait | abêbêdhilan | surak mancanêgari ||
37. sampun campuh wong Anggris lawan Jêpara | wong Pathi anusuli | wong Wandhan amapag | wong Kudus ingkang mara | amêgati abêdhili | nanging tan obah | wong Garobogan bêdhil ||
38. sampun campuh wong Wandhan lawan wong Tuban | gêlare angin-angin | Lasêm lawan Rêmbang | gêlare cakra juwa | wong Wandhan akèh kang mati | pating sulayah | tan ana mangga pulih ||
39. dyan kocapa Rahadèn Kudyatilarsa | lawan Kudarêrangin | si kaparag bubar | kang panggêh akèh pêjah | bala Tuban kang dèn usir | Sidayu Rêmbang | sampun padha angisis ||
40. gêlar amuk Rahadyan Kudatilarsa | lawan Kudarêrangin | sami ngamuk rampak | kang katarajang bubar | kang katrajang sirna ngisis | wong Garebogan[79] | samya sira kalindhih ||
41. bilulungan gêgaman mancanêgara | wong cili kathah mati | wus pating balêsar | sami rêbut koripan | wus ilang tataning baris | pating sulayah | wong anom [ano...]
--- [f. 174v] ---
[Ilustrasi]
[...m] agêtèni[80] ||
56. Sinom
1. kocapa Dipati Tuban | tumingal ing balanèki | larut sami asasaran | para polahe kang jurit | tan kêna ditingali | sagung bala padha larut | tanbuh gêlari mêsah | Tumênggung Sidayu prapti | Patih Rêmbang pan sami apagunêman ||
2. Ki Dipati Tuban mojar | adhi Dêmang ing Garêsik | kadi punapa ing rana | tatane ingkang ajurit | nora nana bopati | kang magut aprang acucuh | têka ilang ing têngah | tatane ngajoni jurit | wurung wande andhêsêk ing babitingan ||
3. Patih Garêsik aturnya | inggih kawula ing nguni | daha[81] tanbuh ta[82] wikana | angajêngakên wong Anggris | Wandhan kang sun kawruhi | gêlare sampun kakêpung | dening kanca [ka...]
--- [f. 175r] ---
[Ilustrasi]
[...nca] pangawat | sakathahe wong pasisir | mala[83] ngrisak bala Anggris lawan Wandhan ||
4. punika malih kang prapta | gêlar amuk soroh wani | dèn wiwiti saking kanan | ing satêngahing ngajurit | mila kathah kang mati | bala sadaya pan larut | tan ana kang anangga | para dêmang lan ngabèi | kathah pêjah kasambut ing ngadilaga ||
5. satriya Tuban ngandika | kadi punapa ing jurit | rêmpage para dipatya | sangkane antuka pulih | Dêmang Garêsik aling | yèn sêwawi sang abagus | dawêg sami urunan | sakathahe wong pasisir | pan ingantêp batine para wadan |[84]|
6. botên kenging dipun unjar | kêdêh sami dèn jênêngi | Tumênggung Lasêm angucap | adhi Patih ing Garêsik [Garêsi...]
--- [f. 175v] ---
[...k] | dening bangga puniki | musuh ikang wingi ngamuk | patute tiyang Jawa | kula tingali sêng têbih | têka mèmpêr sêsikutaning nalendra ||
7. Dipati Tuban ngandika | punapa pinajar malih | musuh ika sampun prapta | asumbar-sumbar ngajrihi | dawêg sami mêtoni | Dipati Daha kang maju | lawan Ki Menak Cor |[85] Tumênggung Lasêm mangiring | wus satata kathahe mancanêgara ||
8. kocapa Kudatilarsa | kalawan Kudarêrangin | kadi wuruk rinakitan | pangamuke ngowak-awik | lan tiyang wolung dasi | prasamya prajurit luhung | wong kang binêdhil kontal | kang tinumbak ngujiwati | kang jinara netrane alatah-latah ||
9. ana kang winadung mêmbat | tautate ngêmut mimis | pan sami angamuk rampak | tan atêbah lawan gusti | wong Pathi lan Walèri | tinarajang mawur-mawur | kang panggêh tawan brana | i Gêmbong Kudus Garêsik | kang katrajang barise tanbuh tatanya ||
10. sami lumajêng sadaya | angungsi Dipati Tubin | Dipati Daha amapag | Radèn Watangan kajudhi | pênggêh[86] asilih ukih | wêkasan balane lêbur [lê...]
--- [f. 176r] ---
[...bur] | asambat ingkang raka | Dipati Tuban nulungi | Menak Koncar sami nulungi sadaya ||
11. pasisir mancanêgara | apan sami abêdhili | alir[87] pendah gunung rêbah | pêtêng dhêdhêt ing wiyati | lir ngobahêna ukir | gara-gara udan awu | lindhu pindho sadina | galura punang jêladri | mancawura lisuse anggung limbungan ||
12. malah kagèt yang nagarja | apa prabawane iki | lir kinocak kang samudra | ya ta kang sami ajurit | ikang mancanagari | pasisir sadaya larut | Adipati Lumajang | Radèn Menak Koncar sigih | pan tumingal akathah bopati rêsak ||
13. kondur sakathahi[88] wadya | tan ana kang mangga pulih | katumbuk bopati mara | sakèh bupati pasisir | kawarnaa ing nguni | Ki Menak Koncar kang maju | angagêm waos pêthak | dhapuripun duradasih | asêsirig angagêm watang ingikal ||
14. Kudarêrangin amapag | Kudatilarsa mêgati | kakang andika mundura | aja dika milu jurit | lah dika tongton mami | ingong atandhing pra[89] cucuh | radèn anitih turangga |[90] angagêm watang raspati |
--- [f. 176v] ---
dhasar wagêd Rahadèn Kudatilarsa ||[91]
15. Ki Menak Koncar tumingal | mèsêm apan sarya angling | prajurite Ratu Wandhan | utawa prajurit Agris | baya ing Wandhan iki | apa baya langka kayu | têka nganggo gêranggang | waose bagus raspati | yèn sun sawang lir gêgalo pangliwêtan ||
16. Kudatilarsa angucap | iya ing wong Majapait | asugih êmas barana | waos cèkèl tur alungid | nanging sira puniki | katungkul aulah lawung | kang sira kudang-kudang | ing siyang kalawan latri | lah mundura ratunira ajokêna ||
17. kang padha sakti lan ingwang | prajurit tan olih tandhing | satriya saking Kamboja | dudu prajuriting Anggris | utawa Wandhan iki | wong padha barêng salaku | Kudarangin sêsumbar | majua padha prajurit | iya isun prajurit ing pasabinan ||
18. prajurit tan olih lawan | Kudatilarsa mangkya ling | ratune age majua | kang milara kadang mami | aja ngadu wong cili | mêndi ta lah rupanipun | Menak Koncar bramatya | anumbak awanti-wanti | wus winalês Ki Menak Koncar malêsat ||
19. asangêt gènnya
--- [f. 177r] ---
anumbak | saking têgêle kang kulit | Menak Koncar kapidhara | rinêbat ing balanèki | wong Wandhan lan wong Anggris | surake umyang gumuruh | bungah Ki Layangsetra | kalawan Layangkumitir | ki apatyah bungahe mawarta suta ||
20. Dipati Daha bramatya | Radèn Watangan prajurit | sampun sira yun-ayunan | wus asikêp watang biring | payu numbaka dhingin | Kudatilarsa amuwus | dudu têtêkon ingwang | sira anumbaka dhingin | pan ping tiga sun walês dipun prayatna ||
21. Dipati Daha bramatya | anumbak awanti-wanti | Kudatilarsa tan obah | Radèn Watangan mangkya ling | malêsa dipun aglis | Kudatilarsa amuwus | iya dipun prayatna | anuli dipun lêkasi | wus winalês Watangan tiba kalênggak ||
22. Dipati Tuban bramatya | anitihi kuda aglis | sampun sira yun-ayunan | kalawan Kudarêrangin | Dipati Tuban angling | lah sapa jênênganamu | Kudarêrangin ngucap | aranku Kudarêrangin | apan isun rêp ngulati kadang ingwang ||
23. Kudarêrangin angucap | wus sira mundura aglis | ratunira ajokêna | Buntaran anumbak aglis |
--- [f. 177v] ---
[Ilustrasi]
Kudarangin atangkis | arame lawung-linawung | Kudarangin anyandhak | sinêndhal sing kuda aglis | wus binuwang Buntaran tiba atêbah ||
24. wong Wandhan surarak[92] gumêrah |[93] arame suraking Anggris | pan sami rêbut bandhangan | surake awanti-wanti | sakèhe wong pêsisir | tirajang[94] mawur-mawur |[95] mapan sami lumajar | angungsi dhatêng wanadri | kang sapindhah angungsi mring pêpanggungan ||
25. Kudatilarsa sêsumbar | kalawan Kudarêrangin | mêndi ta lah ratunira | amajua padha siji | iya ingsun puniki | prajurit tan olih musuh | putra saking Kabojan[96] | têdhak saking Majapait |
--- [f. 178r] ---
iya ingsun putrane Patih Udara ||
26. arêp rebut kadang iwang | ikang aran Damarsasi | kakang sun belani dika | yèn andika sampun mati | kawula milu mati | la yèn gêsang kakang sukur | angrêbut maring dika | ujare ki ajar dhingin | pinagiha[97] kakang dika lawan kula ||
27. Kudarêrangin sêsumbar | majua padha sinakti | ing kene ingkang ajêmbar | kang adoh lawan pawèstri | katêmbèn sira anjing | katuwonmu ratu gunung | prabu anom miyarsa | apamit marang kang rabi | pan gumêrah panangise para garwa ||
28. sigra Radèn Menak Koncar | Dipati Daha lan Tubin | umatur dhatêng sang nata | asangêt sami ngampohi | dhuh inggih sang narpati | sampun sampeyan umagut | langkung dening prawira | prajurit Wandhan lan Anggris | Radèn Buntar Watangan nungkêmi pada ||
29. umatur Dipati Tuban | prajurite Wandhan Anggris | wau sêsumbar ing rana | dede prajurit sing Anggris | dede Wandhan puniki | wong padha barêngi kayun | satriya sing Kêmboja | Kudatilarsa prajurit | kang sanunggal satriya sing pasabinan ||
30. mala sampeyan sang nata | kinudang kala ajurit | inggih kawula [ka...]
--- [f. 178v] ---
[...wula] sang nata | dawêg sampeyan pêjahi | sampun amagut jurit | dêdimène awak isun | dados bantêning yuda | ngêmbari satriya kalih | Prabu Anom ora kêna ingaturan ||
31. sigra angrasuk busana | watang pêthak dipun cangking | anganggo dhuhung nyuriga | calanane cindhe wilis | akris tinaturanggi | ngiwakakên pêdhang suduk | agêlung kêkêlingan | Dêmang Sêcabawa ngiring | Sêcayuda angiring ngagêm kolewang ||
32. sampune prapta ing rana | Kudatilarsa ningali | Kudarêrangin tumingal | apan wau sarya angling | yayi dèn ngati-ati | ratune lu ika maju | dening bagus kalintang | cayane sêmu nêlêhi | ingsun tangguh pantês prajurit ing yuda ||
33. ana karasa ing nala | Rahadyan Kudarêrangin | mulane si kadang ingwang | kongsi lakon disakiti | aja adoh ta yayi | têka rinakêt sang prabu | aja adoh yayi sira |[98] aja musuh prang dadali | barêng pêjah yayi lawan têmbang durma ||
57. Durma
1. tan antara Kudatilarsa narajang | lawan Kudarêrangin | anulya anumbak | lawan [la...]
--- [f. 179r] ---
[Ilustrasi]
[...wan] Kudatilarsa | Prabu Anom anginggati | sigra ginêbang | ilang watange kalih ||
2. pan wus ilang lêmbinge Kudatilarsa | lawan Kudarêrangin | karo sampun kontal | sigra narik curiga | Kudarêrangin nuduki | Kudatilarsa | mêrangi wanti-wanti ||
3. Kudarangin anuduk sarwi amêrang | Tilarsa anuduki | pan sarwi amêrang | tan kêna tinangkisan | Kudarêrangin mêrangi | nanging tan kêna | tinangkis ing sang aji ||
4. nora kandhêg panuduke Ki Tilarsa | nitir Kudarêrangin | sru panudukira | tan kêna tinahanan | suduke dèn angluh sakit | sang prabu mudha | arsa malayu [mala...]
--- [f. 179v] ---
[...yu] isin ||
5. langkung sangêt suduke Kudatilarsa | Kudarangin mêrangi | prabu anom ika | arsa rèrèn sadhela | datan kobêr anangkisi | surak wurahan | wadya Wandhan lan Anggris ||
6. Kudarangin anyuduki saking ngarsa | Tilarsa saking wuri | sang prabu kajêngkang | malah tiba ing lêmah | arsa lumayu aisin | sang prabu mudha | nanging datan gumingsir ||
7. Layangsetra bungahe mawarta suta | miwah wadya ing Anggris | arêbut bandhangan | lawan wadya ing Wandhan | Layangkumitir nyuraki | sang prabu mudha | arsa malêsa aglis ||
8. prabu anom èngêt wangsite kang rama | lagya duk pêjah dhingin | yèn Si Bratayuda | musuh padha prawira | pan sira macaa iki | kang aji dipa | sira nora kaèksih[99] ||
9. wus winatêk aji dipa panglamporan | prabu anom tan kèksih | wus ilang ing rana | mila ilang sang nata | karsane yun malês aglis | Kudatilarsa | Kudarêrangin nangis ||
10. kawarnaa kang anèng ing pêpanggungan | para garwa anangis | Anjêsmara lungsar | dening kang raka ilang | sêsambate [sê...]
--- [f. 180r] ---
[...sambate] mêlasasih | Kudatilarsa | Kudarêrangin nangis ||
11. amlasasi tangise Kudatilarsa | dhuh têmên sanak mami | putra sing Kaboja | aran Kudatilarsa | Patih Udara karihin | ikang aputra | wong saking Majapait ||
12. Kudarangin anangis asambat-sambat | inggih kula puniki | putra pasabinan | nênggèh kang gadhah putra | Patih Udara karihin | ikang pratapa | ing ukir Tunggulmanik ||
13. igih kula angulari kadang ingwang | kang aran Damarsasi | jajah desa kula | ardi sungil sun minggah | inggih andika narpati | sampun kantên |[100] kang wasta Damarsasi ||
14. prabu anom amicara jroning nala | iya musuh ngong jurit | sambat marang rama | muwah mring awak ingwang | lah iya sun ngakon maning | nulya ngatingal | padane disungkêmi ||
15. prabu anom aris dènira ngandika | payu padha prajurit | mara tutugêna | gonmu abratayuda | padha wong prawirèng jurit | Kudatilarsa | Kudarêrangin nangis ||
16. amlasasi ature Kudatilarsa | Kudarêrangin nangis | inggih lampah kula | dhingin minggah mring ajar | ikang nama Tunggulmanik | ikang asanjang | kadangmu [kadang...]
--- [f. 180v] ---
[Ilustrasi]
[...mu] Damarsasi ||
17. gih panduka ingkang nama Damarwulan | kawarta dèn sakiti | igih kang kawarta | ratu Anggris lan Wandhan | sampeyan dipun sakiti | pan kinonjara | ing Ratu Majapait ||
18. wus tinutur sadaya ing lampahira | rinangkul radèn kalih | dènira sang nata | dhuh têmên ariningwang | radèn kalih dèn tangisi | pan kadiparan | kawalêsa sirèki ||
19. katujune sira pan ora katiban | ing walês ingsun iki | kang pêpênthung waja | sira dadi warayang | katiban ing wêsi kuning | mas dadi apa | pasthi awor lan siti ||
20. atur sêmbah rahadyan sakalihira | inggih panduka aji | lah sampeyan minggah | mangke kula ayuda | kalawan Sang Raja Anggris | lan Ratu Wandhan |
--- [f. 181r] ---
[Ilustrasi]
lah ya dingati-ati ||
21. wus narajang rahadèn sakalihira | marang Sang Raja Anggris | kinêpung ing rewang | kinarocok ing tumbak | binalangan gutuk api | tulup lan panah | nanging radèn tan kêni ||
22. ora kandhêg sinosog ing ganjur atap | dipun bendrong ing bêdhil | talèrèping pêdhang | lir kilat ting galêbyar | awor kukus gutuk api | Kudatilarsa | ngamuk Kudarêrangin ||
23. dipun ungsêd bupatinira sadaya | dening Kudarêrangin | lan Kudatilarsa | bala larut sadaya | sakarine ikang mati | larut sadaya | sampun padhang angisis ||
24. Radèn Kudatilarsa asumbar-sumbar | amuk padha prajurit | bubar bala Wandhan | sakarine kang pêjah |
--- [f. 181v] ---
bala Anggris akèh mati | Kudatilarsa | sangêt dènnya angusir ||
25. iya isun prajurit tan olih lawan | iya ingsun puniki | putra sing Kamboja | aran Kudatilarsa | prajurit tan olih tandhing | Mèn Sunjata |[101] tan bêtah miyarsèki ||
26. ngêmbat watang Menak Sênjata narajang | anitih kuda jagi[102] | sampun yun-ayunan | lawan Kudatilarsa | Menak Sunjata sira ling | Kudatilarsa | mulane sira balik ||
27. balik sira ngawulaa marang Wandhan | nuli jaluka rabi | marang awak ingwang | iya sakarêpira | amiliha ingkang sunthi | Kudatilarsa | bramatya tan sinipi ||
28. wus tinumbak Menak Sênjata aniba | anang siti ngêmasi | pun Menak Suteja | dulure Ratu Wandhan | Sang Ratu Wandhan ningali | kalangkung gusar | maju rana ngajrihi ||
29. wus anitih dipangga Sang Ratu Wandhan | angagêm watang putih | panggih yun-ayunan | lawan Kudatilarsa | Sang Ratu Wandhan numbaki | Kudatilarsa | panggêh datan gumingsir ||
30. wanti-wanti tinumbak Kudatilarsa | nangi[103] nora nêdhasi | rahadyan angucap | êndi rupane iya | Sang Ratu Wandhan sun êprih | sang nata mojar | iya ratune [ratu...]
--- [f. 182r] ---
[...ne] mami ||
31. iya mara malêsa Kudatilarsa | padha ing wong prajurit | ya ta sira radyan | Ratu Wandhan cinandhak | tinigas murda cinangking | bala ing Wandhan | mawur punggawa mantri ||
32. kang sawanèh ana lumayu ing wana | ana lumayu wukir | ana srah bongkokan | sampun têluk sadaya | rahadèn malêbu aglis | ing pasanggrahan | sadyanipun boyongi ||
33. dya[104] kocapa pangamukira kang raka | Radyan Kudarêrangin | sumbar nguwuh lawan | wong Anggris mêtonana | aja angadu wong cili | ratune bêsar | ing kene padha jurit ||
34. mêtonana wong Anggris yèn kawên[105] lanang | nuli dipun wiyosi | ipene sang nata | ing Anggris iku iya | Jayasantika namaki | ayun-ayunan | lawan Kudarêrangin ||
35. asru ngucap Ki Menak Jayasantika | sira Kudarêrangin | dumèh apa sira | ambalik marang ingwang | balik ngamuka sirèki | wong Majalêngka | benjang ingsun putrèni ||
36. Radèn Kudarêrangin asru bramatya | tan bêtah miyarsèki | anulya cinandhak | Menak Jayasantika | binêthot murda binanti[106] | wus
--- [f. 182v] ---
awor sira | rata kalawan siti ||
37. Nata Anggris bramatyanira kalintang | sigra anitih èsthi | wus ayun-ayunan | lawan sira rahadyan | anumbak awanti-wanti | nanging tan pasah | mèsêm Kudarêrangin ||
38. kaya ditya ênggone ayuda brata | numbaka dipun ririh | aja kaya buta | lah mara pilihana | sang nata Anggris nauri | malêsa sira | payu padha prajurit ||
39. wus cinandhak Sang Raja Anggris tinigas | mawur punggawa mantri | gègèr apuyêngan | sami asrah bongkokan | sakarine ingkang mati | pan awurahan | sinambêr dhangdhang wilis |[107]|
58. Kinanthi
1. punika lyagya[108] winuwus | putrane Sang Raja Anggris | kalawan putri ing Wandhan | lagya ajajar alinggih | kadi gambar wêwangunan | liringe sampun anunggil ||
2. sami nunggil kayunipun | sapolahe asung brangti | ayune tanpa tandhingan | anang ngulatan tan olih | midêra sèwu nêgara | supaya antuka kalih ||
3. putri Anggris wastanipun | Kusuma Kancanawati | putri Wandhan wastanira | Dèwi Ratna Nilawati | wong maya-maya sinangga | kuninge [kuning...]
--- [f. 183r] ---
[Ilustrasi]
[...e] lir bêngle keris ||
4. dene ing lêlewanipun | rada gandhang putri Anggris | ingkang ngalêp putri Wandhan | padha sêmu manis rai | lagya padha pagunêman | linggih korsi dipayungi | pawongan andhèr ing ngarsa | tan uning yèn kawon jurit ||[109]
5. ulate anipah kawung | wong padha angadi-adi | bêras wutah ing têtampah | wong pantês dikulintêri | walulang rineka jalma | yèn winangwang kadi ringgit ||
6. sang putri ika amuwus | Sang Putri Kancanawati | kadipundi raka êmas | wartane rama kang jurit | Sang Putri [Pu...]
--- [f. 183v] ---
[...tri] Wandhan ngandika | wuwuse awor lan tangis ||
7. raka mas sampun winuwus | mangsa bodho dewa luwih | kang kari lawan kang lunga | inggih dewa kang amasthi | nadyan anèng gêdhong waja | yèn pinunggêl ing dewa di ||
8. lan utamaning wong kakung | pêjah marganing ajurit | kinasihan ing jawata | kang lunga lawan kang kari | sami amanggih kamulyan | praptane sang dhangdhang putih ||
[Ilustrasi]
59. Dhandhanggula
1. kawarnaa Sang Kudarêrangin | lan kang rayi Dèn Kudatilarsa | wus manjing pasanggrahane | dangu dènnya cinatur | wau sira rahadèn kalih | warnanên pasanggrahan | iku ta sang bagus | karsa ayun binoyongan | sawarnane dunya
--- [f. 184r] ---
brahalaning Anggris | muwah barana Wandhan ||
2. ingkang arsa bela dèn patèni | ikang nora karsa binoyongan | jalêr istri sadayane | tandhu wahananipun | nulya budhal sabalanèki | tan kawarna ing marga | lampahe lumintu | Rahadèn Kudatilarsa | lan kang raka Rahadèn Kudarêrangin | prapta ing pasanggrahan ||
3. lagi prapta sajawining kori | pasanggrahan mawa pêpanggungan | rahadyan prapta kalihe | kawarnaa sang prabu | lagya sira miyos tinangkil | pêpêk para dipatya | atarap alungguh | Prabu Anom Majalêngka | kayungyunên ing lampahira kang rayi | èsmu rada kasmaran ||
4. tan adangu praptane kang rayi | Radèn Kudarêrangin punika | Kudatilarsa kanthine | gupuh dènnya rinangkul | adhuh yayi ya sanak mami | gupuh Kudatilarsa | nulya ngaras suku | Kudarêrangin anêmbah | sampun katur sawarnine para putri | dunya Anggris lan Wandhan ||
5. katur kabèh dhatêng sang narpati | sarupane tiyang Anggris Wandhan | kang adi rajabranane | sampun sira malêbu | putri Wandhan lan putri Anggris | awasta Dèwi Ratna | komalaning amalaning [a...]
--- [f. 184v] ---
[Ilustrasi]
[...malaning] ayu |[110] warnane lir pendah gambar | samya lênglêng sakabèhe kang ningali | bubar sing pêpanggungan ||
6. sigra kondur prabu anom adi | sing payudan padha sukan-sukan | wong mêntas manang[111] yudane | gêgaman lampah dulur | têtabuhan saurut margi | tandhu jolang nèng ngarsa | lampahe lastangtun | wus prapta ing Majalêngka | wus malêbêt dhumatêng ing dalêm puri | sira Sang Prabu Kênya ||
7. Prabu Kênya malêbu ing puri | akêkanthèn lawan Anjêsmara | putri dulur manjing kabèh | prabu anom wus rawuh | wus binata[112] kang para putri | Waita lan Puyêngan | langkung rêmpugipun | wus prapta ing kênyapura | Anjêsmara [Anjêsma...]
--- [f. 185r] ---
[Ilustrasi]
[...ra] Sang Putri Anggris kinanthi | lawan Sang Putri Wandhan ||
8. enjang sang nata miyos tinangkil | pêpêk kabèh bopati aseba | supênu[113] tandha mantrine | muwah kang para arum | kanan kèri kapit ing sêlir | aglar ing pagêlaran | atarap alungguh | prabu anom angandika | dhatêng sira kang rayi Kudarêrangin | lawan Kudatilarsa ||
9. Brawijaya adi Majapait | sakalangkung marmane punika | dhatêng kang rayi kalihe | dhuh yayi sanak ingsun | kaya ngimpi manira panggih | Kudatilarsa nêmbah | ature anuhun | kathah ikang cinarita | Brawijaya alon dènira nauri | yayi sampun dinawa ||
10. aja [a...]
--- [f. 185v] ---
[...ja] sira atutur karihin | sampun karsane dewa bathara | wus têka ing ganjarane | anguyunana iku | sarupane ratu bopati | jênênga kapatihan | Putri Anggris iku | wus sira yayi panggiha | ingkang nama Kusuma Kancanawati | ligiha kapatihan ||
11. Kudatilarsa panggiha uni | putri Wandhan ya luwih prayoga | Rêtna Komala wastane | linggihana puniku | kadipatèn dalêmirèki | sarupane wong Wandhan | karèha puniku | sakèhe kang amiyarsa | suka bungah sadaya kang para mantri | miwah para dipatya ||
12. atur sêmbah pun Kudarêrangin | akalihan pun Kudatilarsa | dhatêng anuhun ature | langkung dènnya kasuhun | sih nalendra ing badan mami | tan sagêd lampahana | dhados[114] nalendraku | prabu anom angandika | wus uninga rahadyan pinaksa kalih | jumênêng kapatihan ||
13. apan sampun ingundhangan sami | wus jumênêng anèng kapatihan | bungah wong Majapaite | sadaya sami mundur | sira Radèn Kudarêrangin | lawan Kudatilarsa | mantuk wismanipun | punika [puni...]
--- [f. 186r] ---
[...ka] malih kang prapta | atur sêmbah Dipati Daha tur bakti | Dipati Tuban nêmbah ||
14. angandika Prabu Majapait | yayi êmas paran karsanira | dipati kalih ature | mila marêk pukulun | inggih gusti atur udani | dhatêng panduka nata | rama sang aulun | kalihe ipe panduka | rama patih sapantha garwane prapti | tundhuk dhatêng panduka ||
15. apadene pun Layangkumitir | sêjanipun arsa angawula | bakta epok pacarane | rama panduka iku | kalih ikang saanak rabi | sêjanipun mawongan | dhatêng sang aprabu | punapa karsa sang nata | prabu anom èsmu gêgêtuning galih | nora duwe wisesa ||
16. prabu anom angandika aris | ingsun wikan yèn kiyai patyah | akarsa anungkul kabèh | lagi ingsun karuhun | iya yayi wisesa mami | yèn ta mangke manira | tan wisesa iku | nagara ing Majalêngka | kasrah kabèh mring yayi Kudarêrangin | salumah sakurêbnya ||
17. Anjêsmara umatur ngabakti | inggih kakang wang[115] atuwaningwang | malarat ginawe dhèwèk | sintên kang nora
--- [f. 186v] ---
[Ilustrasi]
wêruh | lamon nagri ing Majapait | asrah ing yayi êmas | ing sadayanipun | sanadyan iku si bapa | ujar ala ora nganggo sawêtawis | dewa mangsa bodhoa ||
18. alon rinangkul wau kang rayi | arinisun pintêr amicara | dening cilaka praptane | wus karsaning dewa gung | Layangsetra Layangkumitir | tunggua ing tambangan | anang Cêngkalsatus | sarupane wong kang dagang | bapa patih gêriya ing Tawang mangkin | sarupane ing rawa ||
19. sarupane ing Têlar puniki | lakonana dening bapa patyah | dadia sandhang pangane | Dipadi[116] [Dipa...]
--- [f. 187r] ---
[Ilustrasi]
[...di] Tuban nuhun | Layangsetra Layangkumitir | alinggih anèng wuntat | anjêntul tumungkul | langkung ajrihe kalintang | mring sang nata kalihe tan kêna angling | janggute kangsar lêmah ||
20. sigra kondur sang nata tinangkil | wus malêbêt dhatêng dhatulaya | ingiring dhatêng garwane | Dipati Tuban kondur | Layangsetra nginthil ing wuri | wus mantuk mring pinggiran | lawan ramanipun | Layangkumitir punika | Layangsetra gawene kok anambangi | kang rama dadi bandar ||
21. ênêngêna ingkang anambangi | Layangsetra kocapa sang nata | kang lagya andon karasmèn | langkung
--- [f. 187v] ---
nutug i kayun | prabu anom ing Majapait | langkung bungah sang nata | dènira sang prabu | Kudarêrangin Tilarsa | wuwuh suka wuwuh gêmah Majapait | wuwuh kukuhing kutha ||
22. sakathahe kang para dipati | atanapi kang para punggawa | pan samya wêdi sakabèh | ki arya patih iku | iya ingkang dipun ajrihi | milane wuwuh gêmah | nagri Majalangu | wêdi asih wuwuh suka | kêbo sapi nora dipun êngon malih | kabèh sami ingumbar ||
23. tiyang desa dalah ing pamigir | pawukiran kalangkung agêmah | ora na colong-cinolong | sakèhe griya dhusun | apan ora pêpagêr sami | suk sugih wong desa |[117] tulus kang tinandur | sangêt adile ki patyah | anguyuni mring nagara Majapait | miwah mancanagara ||
24. ratu ayu kusumaning puri | Ratu Anggris Sang Rêtna Kusuma | Kancanawati namane | nyata wong ayu tulus | lêlewane anjukarangi | manglong-manglong ing lawang | sangdyane rêrangu | kusuma adi kancana [kanca...]
--- [f. 188r] ---
[...na] | sapolahe bêsaja têka mantêsi | wantu sêdhênge bendra ||
25. lagi prapta êmas radèn patih | Kudarangin nèng jawining lawang | kang adalêm kadipatèn | nulya sarêng andulu | gupuh sira sinambut aglis | dening rara pinutra | kusumaning ayu | binakta ing pagulingan | wus kapongkur ikang lagi andon rasmi | Ajar Pamênggêr kocap ||
26. kang palênggah Balangbangan sigih | cinarita sangêt dènnya rêsak | dados wana nagarine | dene ingkang atunggu | pan Ki Ajar Pamênggêr sigih | langkung agêng songkawa | siyang lawan dalu | sapêjahe ingkang putra | Menakjingga tan kêna dhahar lan guling | arsa malês ing pêjah ||
27. sajatose Menakjingga sigih | putranira wau kai ajar | saking bungbung biyangane | rasane lawas kumpul | dipun cipta dados bêbayi | saking saktining ajar | pan agêng kaluhung | milane tan mawi biyang | wêwadhahe bungbung dados wêsi kuning | Ki Pamênggêr kang nyipta ||
28. pawartane pêpakêm sawiji | Menakjiga angsale mêmuja | kang sapindhah akon-akon [ako...]
--- [f. 188v] ---
[Ilustrasi]
[...n-akon] | sarêng dumadinipun | Menakjingga lan wêsi kuning | mila ingêla-êla | wau Menakdadu | iya jatine punika | Menakjingga rasane ki ajar sigih | pinuja dados bocah ||
29. dhingin mula ingsun pituturi | Menakjingga sira nora kêna | dadi anêmahi mangko | dèn kapakakên iku | ala bêcik ya anak mami | dadya bramatya nala | ki ajar kalangkung | amung trêsnane kang putra | wus rinupêk jagate dadi sawiji | lir wukir kawalagar ||
30. anggarêgut ki ajar kang galih | langkung moncèr sajroning wardaya | dèn asah badhi-badhine | angucap jroning kalbu | anak ingong
--- [f. 189r] ---
[Ilustrasi]
isun belani | antinên lan pun bapa | Damarwulan asu | iya sun ngaji limunan | mangsa wruha ki ajar jêjêk pratiwi | mêlêsat ing gêgana ||
31. sarya ngapalakên sirêpnèki | winastanan sira wewe pêthak | kadi ta kilat sêdhète | ngêbêki dalêm agung | sakathahe wong dalêm puri | kênang pangaribawa | sadaya aturu | sang nata sampun anendra | sirêp kabèh sanêgara Majapait | mandining pangribawa ||
60. Pung[118] Latêng[119]
1. ya ta wau kang kocapa | kai ajar ing ardi Tugulmanik | apan wus [wu...]
--- [f. 189v] ---
[...s] was ing kawruh |[120] tut wuri lampahira | sapolahe Ajar Pamêgêr pan tinut | Ajar Pamênggêr tan wikan | sakti Ajar Tunggulmanik ||
2. Ajar Pamênggêr wus prapa | pan tumurun dhatêng i dalêm puri | Ki Tunggulmanik nèng pungkur | prapta kagok ping tiga | Sri Nalendra Prabu Anom sare mujung | Ajar Pamênggêr nèng dagan | bramatya dènnya ningali ||
[Ilustrasi]
3. Ajar Pamênggêr tanan wikan |[121] yèn Ki Ajar Tugulmanik nèng wuri | milane pan ora wêruh | Ajar Pamêgêr ika | kacèk têrêh Ajar Tugulmanik luhung | Ajar Pamêgêr angucap | Damarwulan sira mati ||
4. tumungkula ing
--- [f. 190r] ---
[Ilustrasi]
i pratala |[122] tumêngaa sambata kang ayogi | ora wande sira lampus | Ajar Pamênggêr sigra | pan ginorok Prabu Anom karsanipun | Tunggulamanik wus prayatna |[123] badhine cinandhak aglis ||
5. Ajar Pamênggêr anjola | langkung rosa wau gènira budi | Tunggulmanik nyêkêl kukuh | wau pan sinambadan | sabudine Ki Ajar Pamêgêr iku | badhine sampun karêbat | dening Ajar Tunggulmanik ||
--- [f. 190v] ---
6. Ajar Pamêgêr tan wikan | lamon Ajar Tunggulmanik nèng wuri | milane pan ora wêruh | Ajar Pamênggêr ika | kacèk têrah Ajar Tunggulmanik luhung | sami udrêg-udrêgan | saparane Pamênggêr pan dipun êsup | malêsat ing awang-awang | Tunggulmanik anututi ||[124]
7. pan sarwi asumbar-sumbar | lah ajaa ana bêbotohnèki | lah nusula sira asu | sun anti ngawang-awang | panyanane tan ana sagêda nusul | Ajar Tunggulmanik mojar | lah iya ingsun ladèni ||
8. wus mumbul ing awang-awang | wau sira Ki Ajar Tunggulmanik | Ajar Pamêgêr amuwus | lah sapa aranira | anauri Tunggulmanik aran isun | kang rama sri naranata | Prabu Anom Majapait ||
9. Ajar Pamênggêr alatah | sukur lamon bapakane Si Sasi | asênggak-sênggak amuwus | sarwi akêplok tangan | padha tuwa mênak sira ora wêruh | bapakane Menakjingga | iya panjênêngan mami [ma...]
--- [f. 191r] ---
[...mi] ||
10. apa kang anang ing sira | têkakêna kadigdayanirèki | Ajar Tugulmanik muwus | ora ana mangkana | angladèni marang pakarêpanamu | mênak sira maksih cuwa | ingsun ingkang ananggohi ||
11. apan sira kaya bocah | milu-milu pagaweyan tan yakti | anakira kurang wuruk | Ki Pamêgêr bramatya | anarajang anuli anyandhak sampun | kalangkung dènnya bramatya | amêdhang awanti-wanti ||
12. pêdhange wus tugêl ika | nulya ngunus nyuduki lawan badhik | Ki Ajar Pamênggêr muwus | mara sira malêsa | Ajar Tunggulmanik wus wasis ing kawruh | tangginas anyipta pêdhang | Kyai Ajar Tunggulmanik ||
13. pêdhang-pinêdhang ki ajar | sami purun kalih padha prajurit | rêmpuh pêdhang kalihipun | nulya candhak-cinandhak | ya ta rame anuli jungjung-jinujung[125] | asêndhal-sinêndha[126]
--- [f. 191v] ---
[Ilustrasi]
padha | kalihe prawirèng jurit ||
14. tan ana ingkang kasoran | kalihipun sami cangking-cinangking | anulya surung-sinurung | pan wani kalihira | wantunipun wong atapa kalihipun | angênakakên brabawa[127] | gara-gara angliputi ||
15. pêtêng luhur awang-awang | kilat thathit gantêr-gantêr lan angin | udan mancawura lisus | topan agêng limbungan | pan sumirat kang mega abang kadulu | surat-surat mega pêthak | lir pendah sêkar malathi ||
16. arosa kang bratayuda | sira ra
--- [f. 192r] ---
[Ilustrasi]
--- [f. 192v] ---
[Ilustrasi]
--- [f. 193r] ---
Ajar Pamênggêr matêk aji |[128] pan angraga sukma sampun | rinupêk jagatira | wus ingikêt dadi satunggal puniku | ki ajar nyipta taksaka | miyos saking pupunèki ||
17. gêdhene kagila-gila | pan sabongkoting tal pêthitirèki | Hi[129] Ajar Pamênggêr gupuh | asru dènnya ngandika | lah mangsanên Ajar Tunggulmanik iku | lah poma dipun palastra | sigra taksaka marani ||
18. Ajar Pamênggêr sêsumbar | alah payu padha prawirèng jurit | Ki Tunggulmanik agupuh | ngawe paksi garudha | tanpa sangkan garudha ika glis rawuh | ki ajar alon ngandika | paksi ngraba liya maning ||
19. wus uning ing karsanira | sang garudha nulya dêdêl pratiwi | awor lan mega wus mumbul | wus pinasthi dening Yang | ila-ila ula kagawa dèn manuk | gupuh sang paksi garudha | ula sinambêr wus kêni ||
20. Ki Ajar Pamêgêr mulat | yèn taksaka ginawa dening pêksi | bramatyanira kalangkung | wantune i wong tapa [ta...]
--- [f. 193v] ---
[Ilustrasi]
[...pa] | pan bramatya bisa manjing ajèr-ajur | sigra anarik curiga | payu padha adu kulit ||
21. sasuweningsun ayuda | kari siji durung angadu kêris | padha wong prawirèng kewung[130] | lawas ingsun agêsang | durung wêruh gêtihku duk alitipun | Ajar Tunggulmani[131] mojar | darma-darma angladèni ||
22. curiga dadi dahana | gêgilani sarwi angagêm kêris | wus karsane dewanipun | lir sundhula ngawiyat | pan adadi Pamêgêr grêndakanipun | Tugulmanik wus prayatna | wantu rêmbês danawari ||
23. angin topan [topa...]
--- [f. 194r] ---
[...n] taliwawar[132] | pracandha gêng ulur-ulur nêkani | udan awor lisus agung | utara gêng limbungan | kawarnaa Ajar Pamêgêr wus kabur | tumiba ing Balangbangan | sakti Ajar Tunggulmanik ||
24. tumêdhak saking awiyat | sira wau Ki Ajar Tunggulmanik | karsane sira sang wiku | malêbêt dalêm pura | pan ki ajar ar luwar tapanipun |[133] dene uwis ora ana | karego dadi kalilip ||
25. ing Jawa lan tanah sabrang | kerut kabèh marang ing Majapait | mila ki ajar kalangkung | arsa ngecakkên raga | kang atmaja sadaya sampun akumpul | nagara ing Majalêngka | langkung gêmah kang nagari ||
26. enjang sineba sang nata | Prabu Anom pinarêk srimanganti | Prabu Kênya rêrowangipun |[134] lan Dèwi Anjêsmara | Ni Waita Puyêngan pan rowangipun | sira Sang Prabu Wanodya | ingapit dènnya alinggih ||
27. sampun jangkêp kawan dasa | jêjamahan padmi sakawan uni | sami atarap alungguh | Prabu Anom ing Wandhan | sira Radèn Kuda Tilarsa ranipun [ra...]
--- [f. 194v] ---
[Ilustrasi]
[...nipun] | ki arya ing kapatihan | Rahadèn Kudarêrangin ||
28. iki aligih ing ngarsa | wontên malih Ki Adipati Tubin | Menak Koncar anèng ngayun | Watangan anèng ngarsa | sakathahe wêwêngkon ing Majalangu | malah êbêk galadhagan | bopati urut pasisir ||
29. agung mantri Majalêngka | lampit tunggal sami dipun kalihi | punggawa jêjêl pupênu[135] | kojêm maring pratala | Kai Dêmang Sêcabawa munggèng ngayun | jajar lan Dêmang Cayuda | liyangan epok mêrgigih ||
30. awor la[136] wong wadon katha[137] | Sêcayuda sabawa gènnya linggih | ambabuti [ambabu...]
--- [f. 195r] ---
[Ilustrasi]
[...ti] kamprètipun | parêkan akèh ngucap | sumakeyan dadi calunthanga[138] ratu | Prabu Ano[139] wus tumêdhak | srinatane dèn usapi ||
61. Sinom
1. têkane pan tampa[140] sangkan | pinarêk nèng made gadhing | prabu anom wus tumêdhak | sumungkêm ing pada kalih | ki ajar ngandika ris | adhuh anggèr putranisun | karsaning dewanira | sira jumênêng narpati | iya iku panêdhane ramanira ||
2. Prabu Kênya wus tumêdhak | angaras padane kalih | Dèwi Anjêsmara nêmbah | Waita sampun ngunjungi | Puyêngan atur bakti | sami
--- [f. 195v] ---
[Ilustrasi]
angarasi suku | ki ajar angandika | sarya ngusap êmbunnèki | pan katêdha nimas putri sihanira ||
3. pasihanira ta rara | nanging titip nini putri | ya mangsa boronga sira | êgonira palakrami | Prabu Èstri tur bakti | dhatêng kacangcang ing rambut | sih panakra sampeyan | lèbèr dhatêng pundhak kalih | pan cumadhong Pangeran asta kawula ||
4. tan sagêd amangsulana | Kudarêrangin nungkêmi | Kuda Tilarsa [Tilar...]
--- [f. 196r] ---
[Ilustrasi]
[...sa] anêmbah | wus mundur rahadèn kalih | kacarita puniki | sêmbahira para arum | sêlire kawan dasa | gumaroyok angabti |[141] atur sêmbah kêtanggung lawan parêkan ||
5. sampune nêmbah sadaya | sakathahe para rabi | kadi sata amèmèta | wau ikang para putri | sami ajrih ningali |
--- [f. 196v] ---
[Ilustrasi]
kalangkung sêsuguhipun | sira Prabu Wanodya | lumintu saking jro puri | Sabdapalon macucu anang ing ngarsa ||
6. alinggih sarwi dhthêdhthingkrèng[142] |[143] sêmbari amalangkêrik | bari mangan nyênyamikan | dodol jênang ora kari | inthil lawan gêlali | pathi kinca ora kantun | ngadhêpakên dhêdhampar |
--- [f. 197r] ---
[Ilustrasi]
alinggih anang ing korsi | ingkang garwa apan sarwi kinêkêpan ||
7. tukangipun kai dêmang | pêranti agawe inthil | dèn sabini wolung nambang | tukange gawe gêlali | lan tukang santên kanin | dèn sabini ngalih êjung | iya tukange jênang | tukange bêbongko pipis | dipun gajih ing
--- [f. 197v] ---
sawulan tigang reyal ||
8. Ki Sabdapalon angucap | bêndaraningong karihin | isun sidhêp wus palastra | têgane maksi jalanthir | anulya atur bakti | nyapa bari nyopot kuluk | lambene dêleweran | labête mangan gêlali | siwêg bage bêndara andika lênggah ||
9. rame kang wong awurahan | kalangkung bungah tan sipi | tan ana tiyang jurjana | wuwuh gêmah Majapait | wong dalah êndhog siji | anang satêngah lêlurung | pan maksi galenteran | olih pirang-pirang ari | pan ki dêmang pan lagi nanggap kasukan ||
10. wastane ingkang kasukan | pun Golèk kalih pu[144] Gadhing | rame samya têtabuhan | ana ingkang ajogèdi | panakawane sami | wong kasêcayudan iku | Ki Dêmang Sêcabawa | amargigih anang korsi | ting jariklak[145] panêkawane ki dêmang ||
11. kawarnaa sri nalendra | ingkang lagya andon rarasmi [ra...]
--- [f. 198r] ---
[Ilustrasi]
[...rasmi] |[146] nutug kasukan sang nata | ing siyang kalawan latri | sadaya ditutugi | ki ajar ngandika arum | marang sri naranata | Prabu Anonom[147] [Ano...]
--- [f. 198v] ---
[...nom] Majapait |[148] uwis tutug iya radèn laranira ||
12. uwis radèn tampanana | sakèh tapaningsun iki | uwis karsane ing dewa | ing sabrang ing nusa Jawi | karsani[149] dewa luwih | nagara ing Majalangu | kadarbe dening sira | tan ana wani nang ati | karuk kabèh sakathahing tanah Jawa ||
13. lan malihe iku radyan | kaliliping tanah Jawi | kala mêngko ora nana | pangrasane ati mami | ing sakalane mangkin | tan ana wani angrêbut | lah radèn lakonana | ingsun aramberawi[150] |[151] yaksa kambang lah radèn sira banguna ||
14. iya isun prênahêna | sing kiwa dalêmmu iki | sang nata alon ngandika | mring wong kalang nuli dadi | sêgaran toya wêning | dipun talang saking gunung | anjrah kang pêpêthetan | made kambang wus dumadi | masjid alit palataran banon pêthak ||
15. ingidêran lawan toya | jinalatundhandha[152] [jinalatundha...]
--- [f. 199r] ---
[...ndha] awêning |[153] pagêre sarwa linepa | anjrah ingkang puspasari | argulo lan mêlathi | sumanarsa tunjung tutur | sêkar gambir anglayap | cêmpaka wilis ngidêri | padalêman wus dadya sinirap pelag ||
16. ki ajar alon ngandika | marang Prabu Majapait | iya radèn ibunira | lawan buyutira iki | apa ta maksih urip | buyutira lan ibumu | lah mara timbalana | wongira lawas puniki | Sêcayuda Sêcabawa tinimbalan ||
17. sampun prapa[154] ing ngayunan | sambari amangan inthil | dedotendhut[155] pepesan |[156] panêkawane kêkalih | sami manggul kêwali | isi kinca lan bêkatul | ki ajar angandika | padha lungaa ta kalih | gustinira iku padha boyongana ||
18. lungaa mring Paluamba | lan ki buyut aja kari | sawongira gawanana | anggawaa tandhu joli | Sêcayuda tur pamit | Sêcabawa sampun mêtu | prapta ing griyanira |
--- [f. 199v] ---
wus adangdan tandhu joli | sigra bubar Sêcabawa Sêcayuda ||
19. sigra Adipati Tuban | wus anitih kuda sami | jajar lan Dipati Daha | ngiringakên tandhu joli | dulur anang ing margi | jajaran waos nèng ngayun | saragêni ing Tuban | sadaya sami ingiring | upacara dalah kêrigan wong desa ||
20. Nilawiduri ajajar | Nilacêmpaka angapit | pan samya atumut pag |[157] lawan garwaning dipati | akathah kang ningali | atembak pinggir dêlanggung | gègèr paminggir desa | kang tan uning sami ngili | kang sapindhah ana nênongton upêtan[158] ||
21. Sabdapalon anèng ngarsa | nunggang jaran dipayungi | lawan Dêmang Sêcayuda | sawongira kabèh ngirih[159] | sami dipun payungi | angiringakên pêpikul | ginotong dèn rêrêmpa | kêwali bêlotong iki | isi kinca winor lan bêkatul mêntah ||
22. lampahe asukan-sukan | wau sauruting margi | jangkêpipun tigang nambang | lampahe raina wêngi | kang kasipêngan sami | asuka
--- [f. 200r] ---
[Ilustrasi]
gènnya sêsugun | ana nyambêlèh misa | ana kang asuguh pipi | tiyang alit awêlur pêpanggang ayam ||
62. Puh Asmara
1. punika ikang winarni | nêngêna ingkang lumpah |[160] ya ta kawuwusa mako[161] | kang anèng ing padhusunan | Ki Buyut Paluamba | kang lagi sêdhih ing tutur | pinarêk kalih kang putra ||
2. ki buyut ngandika aris | payu nini padha lunga | sun ilèkakên ta mangko | lagi jaman apa rara | wartane ora esak[162] | aja wangkot anak ingsun | padha munggah maring arga ||
3. padha ngili maring ardi | pagunungan ikang simpar | ikang dhuwur panjatane | kang ora kampah[163] ing jalma | aja na wêruh ika |
--- [f. 200v] ---
[Ilustrasi]
alah payu age ênthul | padha lunga mara wana ||
4. ki buyut tuture ngênting | nanging nora dèn piyarsa | ki buyut tanbuh polahe | anangis sadina-dina | rara sira muwusa | rewangana ingsun muwus | si bapa kawêlasana ||
5. rara aja mênêng iki | dening maras manah iwang | muwusa sadhela bae | ni pramèsyari tan ngucap | mila cêngêng punika | tan ana liyan dinulu | amung mangke putranira ||
6. sakesahe Damarsasi | kang ibu pitêkur ika | ciptane amung dewane | sapisan sasasi dhahar | ni pramèsyari ika | pramèsyari alon muwus | sarya nêmbah marang rama ||
7. milane rama i mangkin | sampeyan angajak kesah | ki buyut pangandikane [pangandi...]
--- [f. 201r] ---
[Ilustrasi]
[...kane] | sarwi kinêkêp kang putra | sun ilèkakên sira | iya mangko wartanipun | ana gêgaman mring desa ||
8. wartane ayun jarahi | marga saking putranira | Ki Damarwulan kawite | ngawula maring ki patya | ala tindake iya | ambandrèki putranipu[164] | nuli iku kinonjara ||
9. wêrtane iku wus yatim | nuli iku pinêjahan | mulane ta anak ingong | sira sun ilèkkên ika | mring alas ingkang jêmbar | endahêna ya anakmu | malulua wong satunggal ||
10. ni pramèsyari tan angling | watara tigang pandurat |
--- [f. 201v] ---
[Ilustrasi]
angucap sarwi tangise | adhuh putranisun êmas | rama yèn makatêtêna[165] |[166] yèn wayah panduka lampus | wontên lamat kang katingal ||
11. ki buyut ngandika aris | sira eman putranira | ingsun eman sira mangko | tan antara nuli prapta | Ki Dêmang Sêcabawa | Sêcayuda sampun rawuh | dipati Tuban wus prapta ||
12. Dipati Daha wus prapti | lawan garwaning satriya | tandhu joli wus asèlèh | upacarane gumêrah | wus êbêk ambêlabar | para sêlir samya rawuh | sami têdhak saking jelang[167] ||
13. para nyai kabèh prapti | kang sami ngêmban lêlancang | endah tinon busanane | ki dêmang kang anèng ngarsa | bala ingantun jaba | gêmêrêh[168] ing syaranipun | angêbêki arah-arah ||
--- [f. 202r] ---
14. [...] | dèn bêcik jaga nêgara | ngraksaa tampinganane | Si Watangan lah muliha | marang nagri ing Daha | pan iku nagaranipun | dènêcik[169] raksa tampingan ||[170]
15. dangu dènira tinangkil | Prabu Anom Brawijaya | tumulya jêngkar ngadhaton | ingiring dening badhaya | miwah kang pêpingitan | sampun prapta ing kadhatun | ingkang maksih asêseban ||
16. sira wau radèn patih | akalihan arinira | radèn dipati wastane | sami mantuk dalêm pura | ênêngêna rahadyan | warnanên kang arsa mantuk | bodhol marang ing Lumajang ||
17. sagunging mancanêgari | wus sami bodhol sadaya | kondur marang nagarane | asêlur kang wadyabala | nêngêna kang lumampah | warnanên jroning kadhatun | ingkang lagi si-sinihan[171] ||
63. Puh Roning Kamal[172]
--- [f. 202v] ---
[Ilustrasi]
1. sira Dèwi Anjêsmara | wêwêtêngane sirèki | sampun têka ing antara | nulya babar jabang bayi | cayanira nêlêhi | warnane kalangkung bagus | anuli winastanan | asmara Nawangsasi |[173] Anjêsmara anulya sira karuna ||
2. kèngêtan ibu lan rama | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[174]
--- [f. 203r][175] ---
64. Asmaradana
1. Ki Sêbdapalon wus prapti | Nayagenggong awotsêkar | sami sumungkêm pangkone | ing padane pramèsyara | aturira tinata | ingutus dhatêng sang prabu | kinèn ngaturi panduka ||
2. agupuh ni pramèsyari | tumulya sigra adangdan | sampun têlas samaktane | anulya nitih jêmpana | ingiring ing punggawa | wus prapta ing dalêm agung | pinapag putri sêdaya ||
3. miwah sang nata di murti | kancana adi kadhatyan | Anjêsmara kêkanthène | Rêtna Waita Puyêngan | samya sira tur sêmbah | ni pramèsyari wus lungguh | anutug suka wardaya ||
4. tumingal ing mantunèki | kalangkung mawarta suta | ni pramèsyari manahe | kawarnaa sri nalendra | arsa miyos sineba | pêpêk upacaranipun | ingiring dening
--- [f. 203v] ---
bêdhaya ||
5. kêkacu mas sawunggaling | kidang lan ardawalika | binakta pêdhêkan akèh | bucu bule rare kêmbar | samya lumampah ngarsa | rare wandhan lawan wungkuk | angampil kêndhi pratula ||
6. êmbanira anèng kèri | amandhi pêdhang sarampang | asta kiwa nyêpêng tamèng | dening ingkang pêpingitan | anèng wuri atata | angampil sanjata Jêpun | asri lamon tiningalan ||
7. sang nata sampun alinggih | pinarêk dhêdhampar êmas | wus pêpêk punggawa rame | para bopati sadaya | sami munggèng ing ngarsa | radèn patih munggèng ngayun | kalawan Kudatilarsa ||
8. Ki Menak Koncar nèng ngarsi | Buntar Watanga[176] nèng ngarsa | sang nata ngandika alon | marang Dipati Lumajang | kang wasta Menak Koncar | ki raka sami ngong tundhung | mantuka marang Lumajang ||
9. Buntaran muliha Tubin | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[177]
--- [f. 204r][178] ---
65. Sinom
1. ibu rama dèn namèni | sarwi amlasasih | ibu tulungana tèngsun | rama wayah andika | lair lanang julanthir singgih | sang prabu amiyarsèkih[179] | garjita ing nalanipun | gupuh sira angandika | marang êmbane sawiji | babu êmban timbalana Menak Koncar ||[180]
2. ni êmban nuli tur sêmbah | sarwi sira nuli pamit | Menak Koncar tinimbalan | Menak Koncar nuli aglis | sampun malêbêt singgih | sapraptanira ing ngayun | gupuh nuli tur sêmbah | angandika sang narpati | Menak Koncar ingsun utus maring rama ||
3. timbalana kanjêng rama | lawan ibu dèn agêlis | ingkang wisma ing pinggiran | Menak Koncar nuhun pamit | sampun miyos ing jawi | prapta ing pinggiran sampun | kawarnaa sira patya |[181] Menak Koncar sampun prapti | angandika sira kiyai patya |[182]|
4. anggèr apa karsanira | sira prapta mariki | Menak [Mena...]
--- [f. 204v] ---
[...k] Koncar nulya angling | ing kiyai ingutus dening putra andika |[183] nênggih Ratu Majapait | nênggih dipun timbali | Dèwi Anjasmara sunu | ki patih nuli kêbat | lawan garwanira iki | sampun prapta malêbêt ing dalêm pura ||[184]
5. sapraptanira ing pura | sang nata [na...]
[Ilustrasi]
--- [f. 205r] ---
[...ta] gupuh ningali | Anjasmara wus tumingal | gupuh ingkang rama dèn sungkêmi |[185] dhuh rama ibu mami | sapa ngadèkakên tèngsun | ni pramèsyari sira | gupuh nambut jabang bayi | dipun êmban kang putu wis ingurutan ||
6. datan kawarna samana | wis mulih kiyai patih | mantun[186] marang rawanira | pakaryanira [pa...]
[Ilustrasi]
--- [f. 205v] ---
[...karyanira] ki patih | saanak rabinèki | sok anambangi iku |[187] lawan adol iwakira |[188] rina wêngi anambangi | linarangan sawarnine ulam rawa ||
7. lamon ana wong anjala | dèn dhêngdha rong suku iki | wong mancing ngênganco ika | muwah wong gogoh iki |[189] nênggih dipun dhèdhèli | sarupane wong puniku | muwah wong malêbèng wana |[190] ana kang dipun taboki | sarupane kang malêbu marang wana ||
8. datan kawarna samana | sira kiyai patih |[191] kocapa Sang Prabu Kanya[192] | wêwêtêngane sirèkih[193] | sampun ababar[194] malih | wêwêtêngane Sang Prabu | Èstri ayu utama | warnanira tanpa tandhing | sanêgara Majalêngka tanpa sama ||
9. Dèwi Waita Puyêngan | sampun prapta ing mangsèki | sadaya sami bobot ika |[195] [...] | sampun prapta ing jangji | sampun êmèh êlèkipun | mèh wrata ing antara |
--- [f. 206r] ---
samya babar jalu malih | unggal dina Waita lawan Puyêngan ||[196]
10. Ki Sabdapalon kawarna | lawan Nayagenggong iki | sampun mukti ngawibawa | jumênêng dêmang sakalih | padha nampani malih | dadar lèlèr kanjêng ratu | ginanjar mas kancana | lan sêsoca mirah adi | intên dipun sukani sadaya |[197]|
[Ilustrasi]
--- [f. 206v] ---
11. Ki Dêmang Sêbda asuka | angibing cara Batawi | manyanyinya cara Cina | siyong sisi tai olih | sing sinih arti |[198] nyang patut itu tra mau | tra mau dhên artinya | kita sungguh tra mangarti | bêlom tahu kita kalu majar |[199]|
12. sira Ni Dèwi Waita | putrane bagus utami | kalawan Dèwi Puyêngan | abagus ajungkarangi | sigêgên datan kawarni |[200] wontên malih kang winuwus | ingkang wontên ing rawa | Layangsetra lan Kumitir | sampun krama bêboyongan Balangbangan ||
13. sampun sami darbe putra | sakawan putranirèkih | padha arsa angawula | marang Radèn Marasasi | Logêndèr sampun lali | kaki nini sampun bingung | silêp sira sadaya | kaki nini sampun ênting | prabu anom arsa angulari besan ||
14. ingkang kinarya besan |[201] putrane Dipati Tubin | putrane Radèn Watangan | adêrbe putra satunggil [satunggi...]
--- [f. 207r] ---
[...l] | bagus alêliwati | tanpa tandhing warnanipun | wasta Radèn Aliman | lêlanange wong ing Tubin | umuripun awayah patbêlas warsa ||
66. Puh Dhangdhanggula
1. enjing sineba Sri Narapati | Damarwulan mangkya angandika | marang para bupatine | pêpêk punggawanipun | Dêmang Sêca wontên ing wuri | ala-ulune sang nata |[202] sang nata amuwus | paman dêmang ingsun tanya | mantri anom sapa seba sor waringin | dene têmbe katingal ||
2. Sêbdapalon matur sarwi ririh | inggih gusti punika wong magang | satriya Tuban putrane | Watangan ramakipun | pan sumêja tumut angabdi | lumabêtipun[203] magang | ngandika sang prabu | dhatêng ki dêmang punika | lêbêtêna yèn arsa sira angabdi | benjang tanpa ganjaran ||
3. sampun bubar saking pancaniti | aluwaran
--- [f. 207v] ---
mantuk dalêm pura | ingiring parêkan kabèh | cabol[204] bule lan wungkuk | rare bajang pali kawuri | wus malêbêt ing kadhatyan |[205] ngandika sang prabu | Nyai Êmas Ratu Kanya | marenea ingsun tanya putra nini | sun panggihakên benjang ||
4. Prabu Kênya awacana ririh | karsa dika tawa lok punapa | mapan putra dika anggèr | kawula pan anurut | sri nalendra ngandika ris |[206] paman lah timbalana | para rabiningsun | Puyêngan lan Waita |[207] Anjasmara wus pêpêk sami alinggih | wontên bale mandhapa ||
[Ilustrasi]
--- [f. 208r] ---
5. padha gunêm para gêrwa iki | padha rêmpug tan ana salaya | dadi siji ing manahe | sinigêg tan winuwus | ingkang ibu sadaya prapti | miwah saking rendhetan | padha age rawuh | kang ibu Ki Damarwulan | sami rawuh malêbêt ing jro puri |[208] Ki Paluamba wus pêjah |[209]|
6. wus sarêmpag sakèh para sêlir | para putri pan sampun siyaga | sêsajèn dhangdhang rane |[210] wontên [wo...]
[Ilustrasi]
--- [f. 208v] ---
[...ntên] carita iku | kang kocapa Layangkumitir | kalawan Layangsetra | sami ugêm catur | wong roro ngulati sraya | kang prayoga wontên cinarita malih | nagara Tulangbawang ||
7. pan jumênêng ratu Jaga Jobin | kang pêputra Raja Menakjingga | mêntas atapa ing rame | liwat prakosanipun | pilih sisih lamon ajurit | bagus anom ulama | sakèh braja luput | bapane wantêr arosa | aparentah kalane ratu prajurit | pilih sisih yèn aprang ||
8. Layangsetra langkung angrêmpugi | dawêg rayi sami dangdana |[211] anak rabi ngong baktane | kesah kalaning dalu | sampun rawuh ing têpis wiring | siyang dalu lumampah | sarya apitutur | maring putrane sadaya | sira êmas besuk ingsun enggal mati | yèn ingsun wis apêjah ||
9. sampun rawuh ing sapindhah sasi | wus katingal
--- [f. 209r] ---
kuthane ajêmbar | boluwarti lêlarène | sinêru lampahipun | sampun prapta kithanirèki | Layangsetra atanya | marang wong lumaku | paman ingsun atêtanya | apa rane nagara puniki rêsik | sapa ratune paman ||
10. nagarane Tulangbawang iki | ratunipun pan maksih jêjaka | bagus prakosa yudane | ramakane rumuhun | Menakjingga ingkang wêwangi | Layangsetra uninga | Kumitir amuwus | dawêg sami malêbua | anjarojog sang nata lagya tinangkil | gègèr wontên satriya ||
11. angandika sang nata mring patih | bapa patih bapa aturana | satriya kang prapta mangko | ngandikan wis rawuh |[212] Layangsetra Layangkumitir | matur dhatêng sang nata | kawula anuhun | kawula aminangsraya | gih kawula nênggih dipun pilarani | kinèn tunggua rawa ||
12. nênggih radèn [radè...]
--- [f. 209v] ---
[Ilustrasi]
[...n] kula bêbotohi | dika pagut yudane sang nata | pakathik desa asale | langkung ing dêngkinipun | rama dika mila ngêmasi | nênggih Si Damarwulan | kang anigas iku | kawula ing duk samana | rama dika kaya sun belan mati |[213] mila mêngga[214] kewala ||
13. wadana bang pan kadi rinandhing | Jaka Jobin miyarsa ing syara | Layangsetra ing tuture | ngandika sira asruh[215] | marang sira rêkyah ki patih | mara nabuha tangara |[216]
--- [f. 210r] ---
[Ilustrasi]
mêpêka sadarum | sun gêmpure kuthanira | ki apatih wus mêpêk bala sami |[217] sabusana ing ayuda |[218]|
14. sabusana rêkya ing ajurit | waosira apan lawan ponthang | sulam lan jinggring jajare | waos cêmêng adulur | tulup pasêr pêdhang la[219] tamsir | lawan sanjata lanang | bêdhil gantang agung | mriyêm lela kalantaka | Jaka Jobin nitihi liman ngajrihi | tan têbah Layangsetra ||
15. sampun prapta ing Majapait |[220]
--- [f. 210v] ---
[Ilustrasi]
wus kancikan kuthaning Lumajang | wus kinêpung ing kuthane | sami gègèr gumuruh | awurahan tangising istri | Dipati ing Lumajang | Mena Koncar wau | arsa sira tilar kutha | mung wirange dadia mati nèng ngariki |[221] gupuh sira potusan ||
67. Durma
1. sampun campuh wong Lumajang lan Ratu Jaka |[222] balane Ratu [Ra...]
--- [f. 211r] ---
[Ilustrasi]
[...tu] Jobin | têmpuhing ayuda | lir ombaking samudra | têmpuhe pasêr lan mimis | bêdhil rêrangkang | pan kadi têngah wêngi ||
2. samya purun tan ana sadya kondura | balane Ratu Jobin | lir bajo angajawa |[223] tandangira gêgila | wong Lumajang tanggoh wani | nora kondura | kinarutug ing bêdhil ||
3. sampun prapta prabu anom [a...]
[Ilustrasi]
--- [f. 211v] ---
[...nom] lawan Tuban | Daha sami ngajoni | bala Tulangbawang | sami anandhang brana | sampun sami anisih |[224] Ki Layangsetra | bramatyane tan sipi ||
4. maju rana pan sar angikal watang |[225] sarwi sumbar ngajrihi | radèn anom ika | tan bêtah amiyarsa | matur dhatêng ramanèkih | anuhun duka | kawula magut jurit ||
5. prabu anom aris dènira ngandika | amita ranèkih |[226] kang ra ngandika |[227] dhuh aja sira pêrang | maksih alit sira iki | radèn amaksa | sigra nitih turanggi ||
6. radèn anom putrane Dipati Daha | kang ginanjar putri adi |[228] wastane Aliman | kamantu Prabu Kanya | Layangsetra anumbaki | Radèn Aliman | wulune nora busik ||
7. wus tinugêl murdane Ki Layangsetra | Kumitir aningali | nuli atur sêmbah | marang Sang Ratu Jaka | kawula ma[...] | [...] | [...] ||[229]
--- [f. 212v][230] ---
8. [...] | [...]mi | yèn uwis palastra | mundur ingsun apêrang | yèn mundur aurip |[231] Jobin bramatya | anggada wanti-wanti ||[232]
9. datan kêni ginada sira rahadyan | Jaka Jobin sira angling |[233] wong bagus malêsa | Asmarasasi sigra | Jaka Jobin wus binanting | rata lan lêmah | kang bala anungkêbi ||
10. asêsumbar Ki Patih Kobat Sarakat | maring wong Majapait | sapa rêp matia | lah ingsun kêmbulana | Kudatilarsa mêtoni | anunggang kuda | anandêr marêpêki ||
11. wus acampuh patih lan Kudatilarsa | ki patih nuli gitik | mapan camêthinya | patih nuli tinigas | mastakane tilas[234] pacing | padha sulayah | sadaya rasa mati ||
12. kang amukti Nayagenggong Sabdapalon |[235] kathah antuke jurit | watara kawan nambang |[236] ingamuk wong roro kewala [ke...]
--- [f. 212r] ---
[...wala] |[237] sadaya sami angisis | wong Tulangbawang | sada wus angisis |[238]|
13. wus ginanjar Sabdapalon Nayagenggong |[239] arta saatus iki | paronên kewala | apyun sadasa wawrat | paronên iku tunggal | Kudatilarsa ika | kathah antukira jurit | wus mantuk ika | sadaya wus kinanthi ||[240]
68. Kinanthi
1. sadalan amangu-mangu | wus rawuh ing wismanèkih[241] | kang garwa sami amapag | angrêrangu anèng margi | sami ngangge burat jênar | pêpilis ijo akuning ||
2. kakang dêmang dika rawuh | dawêg malêbêt ing puri | kawula botên anyana | andika mantuk nagari | kula nyana sampun pêjah | kawula miyarsa wingi ||
3. Ki Sabdapalon angrangkul | adhuh kangên isun nyai | kang rayi sampun cêcadhang | sawarna arsa sêsaji | jênang inthil bubur cacak | batul[242] [ba...]
--- [f. 213r] ---
[...tul] lawan sarabi |[243]|
4. ênêngêna rumuhun |[244] sira ta Sang Prabu Èstri | kasrah bangsal ingkang wetan | saisining dalêm puri | marang radèn anom ika | wus malêbêt mring jro puri ||
5. sang rara alon amuwus | kang êmas linggiha ngriki | sampun kakang katêbihan | andika pinarêk linggih | rahadèn alon angucap | katêdha sihira yayi ||
6. sang putri alon amuwus | kawula dika jampèni | sagêd dika jampènana | têtambane ing wong sakit | karane sêsakit manira |[245] nora ngêlu puyêng mami ||
7. rahadèn alon amuwus | dhuh mas mirah ingsun yayi | kawula yayi tan bisa | ing wong sakit angranohi | sang putri kaya sinêndhal | manahira kêtar-kêtir ||
8. bênang putih awak ingsun | sakarsa dika lawèhi | kang ulam munggèng rampadan | sakarsa dika ngolahi [ngolah...]
--- [f. 213v] ---
[...i] | saya angrês manah ingwang | yèn dika nora jampèni ||
9. kawula dede dhêdhukun | tan sagêd ingsun jampèni | alas rungkud tanpa marga | ewuh têmên ikang ati | balingbing awoh widara | dèrèng wruh sandining tulis ||
10. dhuh mas mirah ariningsun | ing benjang kula jampèni | yèn sampun tanggal purnama | sêdhênge wong pulang rasmi | sêngsaya karainana | ngêntèni turuning riris ||
69. Puh Sinom
1. wontên malih kang carita | putra Anjasmara uning | kêkasih Asmarawulan | kudu pan arsa akrami | rama ibu anangis | adhuh radèn anak ingsun | yèn sira arsa krama | ngulati sênênging ati | rajaputri kang putra Dipati Daha ||
2. putra jalu kang panêngah | abagus tanpa tandhing |[246] putra èstri kang
--- [f. 214r] ---
satugal[247] | ayune anglêliwati | lir ringgit munggèng kêlir | lampahira gandrung-gandrung | wong sêdhêng cumangkrama | Radèn Asmara lumaris | wus ajujug kadhaton Dipati Daha ||
3. malêbu ing pêpungkuran | wus malêbêt dalêm puri | sang rara kapagih[248] sira | radèn dèwi muwus aris | iki satriya sing ngêndi |[249] warnanira tuhu bagus | ingsun têmbe tumingal | Asmarasasi nauri | gih kawula satriya saking nagara ||
4. kawula wong sing nagara | kuthaningsun Majapait | wasta kawula Mas Ratna | Asmarawulan ta mami | putrane Sang Narpati | Brawijaya Majalangu | ya ta sang kusuma rara |[250] mêndhêk sarwi wacana ris | gih andika ki mas gusti manira |[251]|
5. iki ludhês gustiningwang | putrane sang wira
--- [f. 214v] ---
di murti |[252] sang putri ès kagiwang |[253] punapa kardos sang pêkik | malêbêt dalêm puri | rahadèn alon sumaur | manawi nora wikan | ingsun mariki wong jait | sajatine ingsun asrah jiwa raga ||
6. Sang Asmarawulan ika | anuli tumêdhak ririh | sang ayu mapan samana | padha sêdhênge birai | sang putri muwus aris | ya ragane wong abagus | nêningali maring wang | pinondhong sira sang putri | intên mulya dunungan kawulaningwang ||
7. gègère para pawongan | guruh wong dalêm puri |[254] sang nata ika garjita | biyang ana apa iki | dening amêmarasi | êmban inya aglis matur | gih kawula nuhun duka |[255] putra dika nyêkêl maling | bagus anom kabu[...]
--- [f. 215r] ---
[...]ning tilam |[256]|
8. gupuh nuli pinariksa | dening sira adipati | kalawan garwanira |[257] marang ing dalêm puri |[258] nuli sira kapanggih | wus malêbêt dalêm agung | sira Dipati Daha | Asmarawulan alinggih | èsmu merang sampun mundur lan kang garwa ||
[Ilustrasi]
--- [f. 215v] ---
Presented by Lt.-Col. Raban 20 January 1815
Ki Buyuti Paluamba angucap sajroning ati, adhuh guti anak mas sira iki wus pinathi jodho ndara bagus nora kêna ingowahan, marmanisu ...
1 | Anggris (dan di tempat lain). (kembali) |
2 | winga-winga. (kembali) |
3 | bêcik. (kembali) |
4 | Wandhan. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: wontên malih kang winuwus. (kembali) |
6 | natkala. (kembali) |
7 | siji. (kembali) |
8 | kawruh. (kembali) |
9 | amèmpêr. (kembali) |
10 | ênom. (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata: mumpung ênom dika panggih. (kembali) |
12 | pituduh. (kembali) |
13 | parapatan (dan di tempat lain). (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: anèng marga parapatan. (kembali) |
15 | ngandhap. (kembali) |
16 | Koncar. (kembali) |
17 | andhatêngi. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: Raja Wandhan andhatêngi. (kembali) |
19 | kalawan. (kembali) |
20 | Cêngkalsèwu. (kembali) |
21 | Lojami. (kembali) |
22 | atanapi. (kembali) |
23 | têngên. (kembali) |
24 | ambal-ambalan. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: surak ambal-ambalan. (kembali) |
26 | anggrêgut. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: surak bala ing Tubin. (kembali) |
28 | Kurang satu suku kata: maju rana wong Daha. (kembali) |
29 | kuwêl. (kembali) |
30 | arêrangkulan. (kembali) |
31 | angujiwat. (kembali) |
32 | sawanèh. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: bala Wandhan Anggris ngisis. (kembali) |
34 | ting. (kembali) |
35 | priye. (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata: sirah iki kirang stunggal. (kembali) |
37 | duwea. (kembali) |
38 | tuduhe. (kembali) |
39 | ngênggone. (kembali) |
40 | ara-ara (dan di tempat lain). (kembali) |
41 | katawan. (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata: lah ta payu Kutis sun ajak mati. (kembali) |
43 | manêngah. (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata: pangamuke manêngah. (kembali) |
45 | ingungsêd. (kembali) |
46 | dirada. (kembali) |
47 | rahadyan. (kembali) |
48 | Lebih satu suku kata: rahadyan sampun anêngah. (kembali) |
49 | kamayangan. (kembali) |
50 | bangbang. (kembali) |
51 | Variasi: sayêmbaraningsun (dan di tempat lain). (kembali) |
52 | ingaranan. (kembali) |
53 | anggêrègèli. (kembali) |
54 | Wandhan. (kembali) |
55 | babakan. (kembali) |
56 | rêbutên. (kembali) |
57 | Lebih satu suku kata: lah rêbutên putrane sang maha wiku. (kembali) |
58 | kalangênaning. (kembali) |
59 | sukmèku. (kembali) |
60 | mèsêm. (kembali) |
61 | Kamboja (dan di tempat lain). (kembali) |
62 | Lebih satu suku kata: Kudatlarsa manahira langkung ngungun. (kembali) |
63 | Biasanya guru lagu i: giniring. (kembali) |
64 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: kocap Kudarêrangin. (kembali) |
65 | lamon. (kembali) |
66 | wani-wani. (kembali) |
67 | Lebih satu suku kata: sapasune wani-wani têka balang. (kembali) |
68 | maringwang. (kembali) |
69 | langkung. (kembali) |
70 | pinggang. (kembali) |
71 | tinggal. (kembali) |
72 | jungjung-jinungjung. (kembali) |
73 | Lebih satu suku kata: ini kang putra. (kembali) |
74 | Lebih satu suku kata: ture Layangkumitir. (kembali) |
75 | rahadèn. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: ya ta wontên prapta. (kembali) |
77 | ngaturi. (kembali) |
78 | angêpung. (kembali) |
79 | Garobogan. (kembali) |
80 | anggêntèni. (kembali) |
81 | dahat. (kembali) |
82 | tan. (kembali) |
83 | malah (dan di tempat lain). (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata: pan ingantêp batine para wadana. (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: lawan Ki Menak Koncar. (kembali) |
86 | panggêh. (kembali) |
87 | anglir. (kembali) |
88 | sakathahing. (kembali) |
89 | prang. (kembali) |
90 | Lebih satu suku kata: radèn nitih turangga. (kembali) |
91 | Dua gatra terakhir ini disisipkan dengan tulisan tangan yang mirip, sebagai pengganti teks aslinya. Teks aslinya terbaca: "... ngagêm lêmbing ngagêm lêmbing warnane lir centhong jangan". (kembali) |
92 | surak. (kembali) |
93 | Lebih satu suku kata: wong Wandhan surak gumêrah. (kembali) |
94 | tinrajang. (kembali) |
95 | Kurang satu suku kata: tinarajang mawur-mawur. (kembali) |
96 | Kambojan. (kembali) |
97 | pinanggiha. (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata: ja adoh yayi sira. (kembali) |
99 | kaèksi (dan di tempat lain). (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: sampun kantênan. (kembali) |
101 | Kurang satu suku kata: Menak Sunjata. (kembali) |
102 | janggi. (kembali) |
103 | nanging. (kembali) |
104 | dyan. (kembali) |
105 | kowên. (kembali) |
106 | binanting. (kembali) |
107 | Dengan sasmita dhandhang dalam gatra ini, umumnya mau masuk tembang Dhandhanggula, tetapi ini masuk ke tembang Kinanthi. (kembali) |
108 | lagya. (kembali) |
109 | Lebih dua gatra: gatra ke-5 dan ke-6 dimasukkan dua kali tetapi lirik/teksnya berbeda. Dimungkinkan ada bait yang terlewatkan saat menyalin naskah. (kembali) |
110 | Lebih empat suku kata: komalaning ayu. (kembali) |
111 | mênang. (kembali) |
112 | tinata. (kembali) |
113 | supênuh. (kembali) |
114 | dados. (kembali) |
115 | wong. (kembali) |
116 | Dipati. (kembali) |
117 | Kurang satu suku kata: suka sugih wong desa. (kembali) |
118 | Puh. (kembali) |
119 | Nama pupuh Latêng ini merupakan sejenis wangsalan untuk Pangkur. (kembali) |
120 | Kurang satu suku kata: apan wus wasis ing kawruh. (kembali) |
121 | Lebih satu suku kata: Ajar Pamênggêr tan wikan. (kembali) |
122 | Lebih satu suku kata: tumungkula ing pratala. (kembali) |
123 | Lebih satu suku kata: Tunggulmanik wus prayatna. (kembali) |
124 | Lebih dua gatra: gatra ke-5 dan ke-6 dimasukkan dua kali tetapi lirik/teksnya berbeda. Dimungkinkan ada bait yang terlewatkan saat menyalin naskah. (kembali) |
125 | jungjung-jinungjung. (kembali) |
126 | asêndhal-sinêndhal. (kembali) |
127 | prabawa. (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata: sira Ajar Pamênggêr matêk aji. (kembali) |
129 | Ki. (kembali) |
130 | kewuh. (kembali) |
131 | Tunggulmanik. (kembali) |
132 | aliwawar. (kembali) |
133 | Kurang satu suku kata: pan Ki Ajar arsa luwar tapanipun. (kembali) |
134 | Lebih satu suku kata: Prabu Kênya rowangipun. (kembali) |
135 | supênuh. (kembali) |
136 | lan. (kembali) |
137 | kathah. (kembali) |
138 | calunthangan. (kembali) |
139 | anom. (kembali) |
140 | tanpa. (kembali) |
141 | Kurang satu suku kata: gumaroyok angabêkti. (kembali) |
142 | thêthingkrèng. (kembali) |
143 | Biasanya guru lagu a: thêthingkrang. (kembali) |
144 | pun. (kembali) |
145 | jaringklak. (kembali) |
146 | Lebih satu suku kata: ingkang lagya andon rasmi. (kembali) |
147 | Anom. (kembali) |
148 | Lebih satu suku kata: Prabu Anom Majapait. (kembali) |
149 | karsaning. (kembali) |
150 | arsa amberati. (kembali) |
151 | Kurang satu suku kata: ingsun arsa amberati. (kembali) |
152 | jinalatundha. (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata: jinalatundha awêning. (kembali) |
154 | prapta. (kembali) |
155 | dodote ngandhut (kembali) |
156 | Kurang satu suku kata: dodote ngandhut pepesan. (kembali) |
157 | Kurang satu suku kata: pan samya atumut mapag. (kembali) |
158 | umpêtan. (kembali) |
159 | ngiring. (kembali) |
160 | Kurang satu suku kata: nêngêna ingkang lumampah. (kembali) |
161 | mangko. (kembali) |
162 | enak. (kembali) |
163 | kambah. (kembali) |
164 | putranipun. (kembali) |
165 | makatêna. (kembali) |
166 | Lebih satu suku kata: rama yèn makatêna. (kembali) |
167 | jolang. (kembali) |
168 | gumêrêh. (kembali) |
169 | dèn bêcik. (kembali) |
170 | Kurang satu gatra: ke-1 (8i). (kembali) |
171 | sih-sinihan. (kembali) |
172 | Nama pupuh Roning Kamal ini merupakan sejenis wangsalan untuk Sinom. (kembali) |
173 | Kurang satu suku kata: asmanira Nawangsasi. (kembali) |
174 | Kurang delapan gatra: ke-2 (8i), ke-3 (8a), ke-4 (8i), ke-5 (7i), ke-6 (8u), ke-7 (7a), ke-8 (8i), ke-9 (12a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 203. (kembali) |
175 | Sepertinya ada folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 203 ini karena berdasarkan aturan tembang macapat, halaman f. 203r ini bukan lanjutan dari halaman f. 202v sebelumnya. (kembali) |
176 | Watangan. (kembali) |
177 | Kurang enam gatra. Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 204. (kembali) |
178 | Mulai dari folio 204 ini dan selanjutnya, terdapat tulisan tangan yang berbeda. Sepertinya juga ada folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 204 ini karena berdasarkan aturan tembang macapat, halaman f. 204r ini bukan lanjutan dari halaman f. 203v sebelumnya. (kembali) |
179 | amiyarsèki. (kembali) |
180 | Lebih satu gatra, dan terdapat guru wilangan dan guru lagu yang tidak sesuai dengan pupuh Sinom. Bait ini merupakan lanjutan dari folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 204, dan aturan tembang macapatnya tidak jelas. Walaupun demikian, konten dari bait ini berkaitan dengan bait berikutnya sehingga disusun sebagai bagian dari pupuh Sinom. (kembali) |
181 | Lebih satu suku kata: kawarna sira patya. (kembali) |
182 | Kurang satu suku kata: angandika sira kiyai apatya. (kembali) |
183 | Lebih enam suku kata: ingutus putra andika. (kembali) |
184 | Lebih satu gatra: seharusnya gatra ke-2 tidak ada. (kembali) |
185 | Lebih dua suku kata: gupuh rama dèn sungkêmi. (kembali) |
186 | mantuk. (kembali) |
187 | Kurang satu suku kata: sok anênambangi iku. (kembali) |
188 | Lebih satu suku kata: lan adol iwakira. (kembali) |
189 | Kurang satu suku kata: muwah wong agogoh iki. (kembali) |
190 | Lebih satu suku kata: muwah wong malbèng wana. (kembali) |
191 | Kurang satu suku kata: sira kiyai apatih. (kembali) |
192 | Kênya (dan di tempat lain). (kembali) |
193 | sirèki. (kembali) |
194 | ambabar. (kembali) |
195 | Lebih satu suku kata: sdaya sami bobot ika. (kembali) |
196 | Kurang satu gatra: ke-4 (8i). (kembali) |
197 | Kurang dua suku kata: êmas intên dipun sukani sadaya. (kembali) |
198 | Kurang dua suku kata: siyong sinihan arti. (kembali) |
199 | Kurang dua suku kata: bêlom tahu kita kalu mau majar. (kembali) |
200 | Lebih satu suku kata: sigêgên tan kawarni. (kembali) |
201 | Kurang satu suku kata: ingkang kinarya bêbesan. (kembali) |
202 | Lebih satu suku kata: la-ulune sang nata. (kembali) |
203 | lumêbêtipun. (kembali) |
204 | cebol. (kembali) |
205 | Lebih satu suku kata: wus mlêbêt ing kadhatyan. (kembali) |
206 | Kurang satu suku kata: sri nalendra ngandika aris. (kembali) |
207 | Kurang satu suku kata: Puyêngan lawan Waita. (kembali) |
208 | Kurang satu suku kata: sami rawuh malêbêt ing jêro puri. (kembali) |
209 | Lebih satu suku kata: Ki Pluamba wus pêjah. (kembali) |
210 | Kurang satu suku kata: sêsajèn dhangdhang arane. (kembali) |
211 | Kurang satu suku kata: dawêg rayi sami adangdana. (kembali) |
212 | Kurang satu suku kata: ingandikan wis rawuh. (kembali) |
213 | Kurang satu suku kata: rama dika kaya sun belani mati. (kembali) |
214 | mangga. (kembali) |
215 | asru. (kembali) |
216 | Lebih satu suku kata: mara nabuh tangara. (kembali) |
217 | Kurang dua suku kata: ki apatih wus amêpêk bala sami. (kembali) |
218 | Lebih satu suku kata: sabusana ing yuda. (kembali) |
219 | lan. (kembali) |
220 | Kurang satu suku kata: sampun prapta anèng Majapait. (kembali) |
221 | Lebih satu suku kata: mung wirange dadia mati nèng ngriki. (kembali) |
222 | Lebih satu suku kata: sampun campuh Lumajang lan Ratu Jaka. (kembali) |
223 | Lebih satu suku kata: lir bajo ngajawa. (kembali) |
224 | Kurang satu suku kata: sampun sami anisihi. (kembali) |
225 | Kurang satu suku kata: maju rana pan sarwi angikal watang. (kembali) |
226 | Kurang satu suku kata: amita ramanèki. (kembali) |
227 | Kurang satu suku kata: kang rama ngandika. (kembali) |
228 | Lebih satu suku kata: ginanjar putri adi. (kembali) |
229 | Kurang tiga gatra: ke-5 (8i), ke-6 (6a), dan ke-7 (7i). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 212. (kembali) |
230 | Folio 212 ini terbalik dan sebaiknya dibalik secara vertikal sehingga nomor halaman f. 212v menjadi f. 212r dan f. 212r menjadi f. 212v. Sepertinya juga ada folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 212 ini, karena berdasarkan aturan tembang macapat, halaman yang dibalik menjadi f. 212r ini bukan merupakan lanjutan dari halaman f. 211v. (kembali) |
231 | Kurang dua suku kata: yèn mundur sira aurip. (kembali) |
232 | Kurang dua gatra: ke-1 (12a) dan ke-2 (7i). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 212. (kembali) |
233 | Lebih satu suku kata: Jaka Jobin sira ngling. (kembali) |
234 | tigas. (kembali) |
235 | Biasanya guru lagu a: Palonsabda. (kembali) |
236 | Lebih satu suku kata: watara pat nambang. (kembali) |
237 | Lebih dua suku kata: ingamuk ro kewala. (kembali) |
238 | Kurang satu suku kata: sadaya wus angisis. (kembali) |
239 | Biasanya guru lagu a: wus ginanjar Sabdapalon Genggongnaya. (kembali) |
240 | Lebih dua gatra: seharusnya gatra ke-5 dan ke-6 tidak ada. (kembali) |
241 | wismanèki. (kembali) |
242 | bakatul. (kembali) |
243 | Kurang satu suku kata: bakatul lawan sarabi. (kembali) |
244 | Kurang satu suku kata: ênêngêna ta rumuhun. (kembali) |
245 | Lebih satu suku kata: karane sakit manira. (kembali) |
246 | Kurang satu suku kata: abagus datanpa tandhing. (kembali) |
247 | satunggal. (kembali) |
248 | kapanggih. (kembali) |
249 | Lebih satu suku kata: iki satriya ngêndi. (kembali) |
250 | Lebih satu suku kata: ya ta kusuma rara. (kembali) |
251 | Lebih satu suku kata: gih andika iki mas gusti manira. (kembali) |
252 | Lebih satu suku kata: putra sang wira di murti. (kembali) |
253 | Kurang satu suku kata: sang putri èsmu kagiwang. (kembali) |
254 | Kurang satu suku kata: gumuruh wong dalêm puri. (kembali) |
255 | Lebih satu suku kata: gih kula nuhun duka. (kembali) |
256 | Kurang tiga suku kata: bagus anom kang malbu sajroning tilam. (kembali) |
257 | Kurang satu suku kata: kalawan sagarwanira. (kembali) |
258 | Kurang satu suku kata: marang jroning dalêm puri. (kembali) |