Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 01–15)
1. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 28–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 41–51). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 52–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Panji Jayakusuma
--- 2 ---
[Ilustrasi]
--- 3 ---
1. Asmaradana
1. wontên satriya satunggil | bêbanthènge Bauwarna | utama kartine nganom | Ki Dêmang Astrawijaya | inggih pinutra-putra | pan jinujung[1] lungguhipun | pinutra-putra sang nata ||
2. wus dangu dènnya tinangkil | Tumênggung Jayakusuma | pêpêkan sakadehane[2] | samya anèng pagêlaran | Dêmang Astrawijaya | pan sampun seba adangu | pêpêk sagunge punggawa ||
3. ingkang aseba sitinggil | gêdhong kêparêk sêntana | wong gandhèk lan mantri anom | Brajanata anèng kiwa | ing kanan Wirabraja | Martalulut jajaripun | kiwane Singanêgara ||
4. kanan kèri Saragêni | Anoman lan Patrayudan | wong Tanuastra kiwane | ingkang têngên wong Jataka | andhèr samya aseba | lan wong Miji kiwanipun | têngêne Yudamênggalan ||
5. Sang Prabu Ngurawan singgih | sampun miyos sinewaka | wus munggèng ing sitinggile | pinarêk kanthil kêncona[3] | dyan gêlarane sutra | maliyo isine sari gung |[4] gandane sumyur kanginan ||
6. saupamane sang aji | sri nalendra ing Ngurawan | sirna ing kamênusane | kadi Bathara Marmada | ya ta para wanita | padhêkan[5] lan para babu | inya lawan papingitan ||
7. wontên bêkta sawunggaling | sawênèh ardawalika | wontên lancang êmas kaot | wontên kêndhaga kêncana | samya êmas rineka | lantaran lawan kêkacu | dhaharan kêndhi pratola ||
8. sami samir sutra kuning | sagunge para biyada | datan kaliru sikêpe | bêdhil panuwêk ing ngarsa | nênggih kang sami ngayap | angandika sang aprabu | dhawuh dhatêng ulubalang ||
9. tinimbalan dhatêng
[Ilustrasi]
--- 4 ---
ngarsi | Kya Patih Jêksanêgara | atêbih ingawe-awe | Radèn Arya Karawitan | pan sampun tinimbalan | minggah ing bangsal mangunwur[6] | radèn arya mamêdhapan[7] ||
10. prapta ngarsane narpati | kyana patih awotsêkar | radèn arya nêmbah alon | sri nalendra angêndika | hèh Patih Jêksanêgara |[8] rèh ingsun jumênêng ratu | apan wus binêthara |[9]|
11. nanging nisthaningsun patih | dening jagat durung rata | kang dadi kuwatir ingong | ratu ing Nusyakambangan | kêloka kajana priya |[10] lamun sang prabu ing Wangsul | dikdaya prakosa ing prang ||
12. pêngarah ingsun ta patih | nêgara Bali sun rusak | dimène idhêp maringong | yèn ing Bali tan kabêdhah | yêkti dadi wisuna | yèn tan ana jênêng ingsun | ya gêdhe ganjaran ingwang ||
13. ingsun tarimani putri | adalêma êloring pasar |[11] jumênênga prabu anom | agêlunga kêkêlingan | iku ganjaran ingwang | kyana patih awotsantun | pukulun tadhah mustaka ||
14. sanadyan punggawa mantri | ngabèi lan sinang arya | sadaya kawula taros | datan wontên kang sagaha | sadaya tur têtêgan | satunggal tan wontên purun | ngluruga Nusyakambangan ||
15. amung putra panduka ji | Tumênggung Jayakusuma | punika dèrèng kataros | lan malih putra panduka | Dêmang Astrawijaya | kang dèrèng kawula tantun | mèsêm Sang Prabu Ngurawan ||
16. matur sarya awotsari | Radèn Arya Panyangkringan | atur kawula sang katong | yèn suwawi tinimbalan | ing ngarsa jêng panduka | putra tuwan pun tumênggung | kalihan pun kakang dêmang ||
17. sinabêt ing sêmu aglis | Radèn Arya Sijanglaga[12] | atur sêmbah ing sang katong | mudhun sangking sitibêntar | lumajar amêndhapan | kawingking ing sitiluhur | andhawuhakên timbalan ||
2. Têmbang Pangkur ingkang gumanti
1. sapraptane pagêlaran | radèn arya asru dènira angling | lah dawêk kakang tumênggung | jêngandika ngandikan | dipun inggal dhatêng ngarsane sang prabu | sumawona[13] ingkang nêgara |[14] angandikan dhatêng sang aji |[15]|
2. radèn tumênggung amêndhapan |[16] tyang têtiga sarêng minggah sitinggil | prapta ngarsane sang prabu | asarêng atur sêmbah | angandikang[17] sang aprabu wêtcana[18] rum | Tumênggung Jayakusuma | sira wotde ati mami ||
--- 5 ---
3. ingsun asrah maring sira | la bêcike jagat Gêgêlang iki | amis bacine ing prajamu |[19] măngsa bodhoa sira | darma bae manira jumênêng ratu | ki tumênggung kawruhana | sêsukêre kang nêgari ||
4. sira ingong karya duta | abêdhaha nêgara ing Bali benjing |[20] ha yèn bagi besuk gêpur[21] | Nini Rêtna Kumuda | sun srahakên sakarsanira angaku | sira karyaa juru dang | Ngurawan sira duwèni ||
5. wus akèh ing kayanira[22] | nanging durung kêtampan maring mami | sun tampani ya ing besuk | yèn nêgara Bali bêdhah |[23] kayaparan sanggupira ki tumênggung | apa wani apa ora | abêdhah nêgara Bali ||
6. Tumênggung Jayakusuma | atur sêmbah dhatêng sri narapati | anuwun duka pukulun | tan arsa lênggana |[24] suka pêjah ing ayahan sang aprabu | lêbura kang kadi kisma | dhatêng sandika kang apdi[25] ||
7. angandika sri nalendra | lumakua sira marang ing Bali | sênadyan têkêna dhêngkul | sira sukua jaja | aja mulih anak ingsun ki tumênggung | Ki Dêmang Astrawijaya | nulya matur awotsari ||
8. kawula langkung sumăngga | abêdhaha nagri Bali pribadi | sampun wontên tumut-tumut | bêdhah Nusyakambangan | apdi dalêm pun dêmang ingkang sumanggup | Ki Dêmang Astrawijaya | dèn êmbat kang asta kalih ||
9. eman liyangan kêndhaga | yèn wêdia bêdhah nêgari Bali | tinariman putri ayu | ingakên putra nata | amarentah para mantri punggawa gung | pun Dêmang Astrawijaya | dewaji sampun amukti ||
10. kawula dèrèng uninga | jajahane nênggih nêgari Bali | sangking pangraosing kalbu | sasat sampun uninga | sampun katon yèn nêgari Bali têluk | abungah marwata suta | galihipun sri bopati ||
11. sri nalendra angandika | iya ingsun tarima sira kalih | lawan sira ki tumênggung | pan ingong karya duta | sira bêdhah ing benjing nêgara Wangsul | benjang ing Buda Cêmêngan | ing wulan purnamasidi ||
12. padha sira lumakua | wong kêkalih angluruk maring Bali | nanging poma ki tumênggung | Dêmang Astrawijaya | wêkas ingong yèn binjing sira angluruk | aja na arêbut para | dèn padha anunggal kapti ||
13. Tumênggung Jayakusuma | awotsêkar dhatêng sri narapati | inggih sandika turipun | Dêmang Astrawijaya | matur nêmbah sandika dhawah sang prabu | jêngkar sang nata sineba | malêbêt ing dalêm puri ||
14. ginarêbêg ing wanodya |
--- 6 ---
awêtawis kawan lajur sasisih | warnane samya yu-ayu | citrane para kênya | kang sawênèh lir golèk gadhing dinulu | ana lir golèk kêncona | ingkang mêntas dèn sêpuhi ||
15. sirna kamanungsanira | yèn sinawang warnanira apêkik | ginarêbêk wanodya ayu |[26] kang sami gana laras | sri bopati sampun rawuh ing kadhatun | sakathahe mantri seba | sadaya wus bubar mulih ||
16. Tumênggung Jayakusuma | sarêng linggih lawan ki dêmang singgih | amisih nènga sitiluhur |[27] lan Radèn Sijanglaga | lan ki patih pan lagi agunêm catur | Radèn Arya Pênyangkringan | ngandika dhatêng ki patih ||
17. pun kakang tumênggung uwa | wus akathah kayane ing sang aji | mila kêpbêk jro kadhatun | wanodya ingkang ngraras | inggih uwa kayane kakang tumênggung | si kakang Jayakusuma | uwa patih dèrèng amukti |[28]|
18. ujare ingkang anawang | inggih kakang tumênggung uwus mukti | sayêktine iku durung | sambate wong kewala | dèn paringi ing rama linggih wong sèwu | abot ènthènge Ngurawan | kang tumênggung anglakoni ||
19. Ki Dêmang Astrawijaya | darma bae iku mênangi mukti | salêksa lalinggihipun | dèrèng adarbe karya | kyana patih umatur sarwi angrangkul | gusti sampun winicara | măngsa boronga sang aji ||
20. radèn sampun aluwaran | bubar mulih lawan rêkyana patih | sêkathahe mantri sêpuh | amantuk sowang-sowang | kawarnaa wau rahadèn tumênggung | mantuk saking pasowanan | lakune sêmu prihatin ||
21. tan arsa nitih turăngga | lan malihe tan arsa dèn payungi | lir Yangyang Asmara rurun[29] | singa kang dulu brănta | kang sawênèh andulu mêdal kang êluh | wong sapasar padha gita | sinome dèn waoni |[30]|
[Ilustrasi]
--- 7 ---
3. Sinom
1. sawênèh ana angucap | dingarèn ki adipati | Tumênggung Jayakusuma | sapraptane dènnya nangkil | beda lan wingi uni | datan arsa apêpayung | nora nitih turăngga | sêmu rada prihatin |[31] baya sêkêl jimate wong Bauwarna ||
2. alêga rasane manah | sabêne yèn têka nangkil | amolahakên turăngga | bungah rasane kang ati | baya ki adipati | kadukan dhatêng sang prabu | sawênèh ana angucap |[32] kaniyaya sri bopati | ki tumênggung kadukan dosane apa ||
3. ana wulanjar angucap | kaniyaya sri bopati | dewane ing Suralaya | sampun ta rada prihatin | pawongane anaosi |[33] sakarsane wong abagus | dadi paran kusuta | sêkare wong sanêgari | pasthi surêm cahyane jagat Ngurawan ||
4. kocapa putri Cêmara | ing wau sawêk alinggih | kala bêdhahing Cêmara | kabayong[34] kusuma adi | pinaringakên singgih | marang sira ki tumênggung | kinarya têtariman | cinatur sampun alami | ki tumênggung tan arsa miyak puspita ||
5. Tumênggung Jayakusuma | saya kagagas kang galih | mring ngêndi parane baya | putri adi ing Kadhiri | mêngkana têka linggih | ing bangsal pêngrawit iku | nanging datan ngandika | datan dangu nuli prapti | wau sira Kya Patih Jêksanêgara ||
6. kyana patih lumêksana | alumêbêt tan ahsari[35] | ki tumênggung sigra têdhak | sangking ing bangsal pêngrawit | dawêk ta uwa patih | kula aturi malêbu | sampun tata alênggah | tumênggung lawan ki patih | tan adangu andhawuhakên timbalan ||
7. Ki Patih Jêksanêgara | ngêndika wêtcana manis | ki tumênggung anak ingwang | ingong ingutus sang aji | alah dika tampani | pêparinge sang aprabu | kuda si pamaguting prang |[36] lan gajah pun Rarasati | tampanana têkan sêratine pisan ||
8. lan bêdhil [bê...]
[Ilustrasi]
--- 8 ---
[...dhil] pênantang yuda | tunggul lara ngawe iki | dika tampani sadaya | lan bêdhil panundhung jurit | andikane sang aji | dhatêng dika ki tumênggung | lan malihe punika | dika winupuhan[37] malih | akêkasih Klana Jayakusuma |[38]|
9. ki tumênggung aturira | nuhun pasihane gusti | kadhawuh dhatêng kawula | prasasat jimat pangurip | sapasihane sang aji |[39] kapundhi mring pun tumênggung | gumarit ing mustaka | lêbura dèn kadi siti | anglampahi ayahane sri nalendra ||
10. arêmêk kadi tigan |[40] nadyan siyang nadyan lastri[41] | acaos karsa sang nata | kyana patih matur aris | dhatêng ki adipati | timbalane sang aprabu | upama dèn kêlampahan |[42] mangkata ngluruk tumuli | nidhihona[43] gêgaman măncanêgara ||
11. wêlinge sri naranata | dhatêng dika ki dipati | dika sinungan wawênang | yèn wontên tiwasing kardi | andika pêpantêsi | angadilana puniku | ingkang tiwas ing karya | langkung pracaya sang aji | dhatêng dika Kêlana Jayakusuma ||
12. kyana patih aris mojar | ki tumênggung ngong tuturi | Ki Dêmang Astrawijaya | kasêndhu dhatêng narpati | nanging tan wruh ing ciri | timbalane sang aprabu | lampahipun ki dêmang | wurung anglurug ing Bali | kang timbalan datan arsa andangua ||
13. kyana patih sigra bubar | sangking tumênggungan singgih | lampahipun sêsandêran | lajêng dhatêng kênyapuri | arsa matur sang aji | sampun malêbê[44] kadhatun | sigêgên kyana patya | dènnya umatur sang aji | kang kocapa Tumênggung Jayakusuma ||
14. ki tumênggung angandika | dhatêng inyane sawiji | lah ta biyang timbalana | kakang Răngga dipun aglis | kalawan kakang Dêmang |[45] Yudapati aja kantun | ni êmban atur sêmbah | kinèn ninggal nulya
[Ilustrasi]
--- 9 ---
mijil | kawarnaa kadang kadeyan wus prapta ||
15. radèn tumênggung ngandika | kang Răngga dèn parèng ngarsi | lah Dêmang Jayalêksana | lawan kakang Yudapati | sun tari dèn sayêkti | padha matura saèstu | ingsun ingutus ika | dhumatêng sri narapati | kinèn bêdhah nêgara Nusyakambangan ||
16. katiga sami wotsêkar | lêbura dèn kadi siti | sêdaya ngêlampahana | dhatêng nêgara ing Bali | punika atur mami | emane babêrngos wulu | ajriha bêdhah nêgara |[46] Ki Ngabèi Yudapati | sigra matur cêguk tur sarwi asugal ||
17. mênggah kawula pangeran | sênadyan manjinga gusti | aran si bêlêgêdaba | wêdi kuramas jêmparing | katiga saur pêksi | sanggup mati aprang pupuh | mèsêm ki adipatya | sarya angandika aris | kadang ingwang mayo padha lara lapa ||
18. nêngêna tan winurcita | kang rêmbak kesah ajurit | wontên gantine ingucap | bagus wicaksana luwih | ênting ajukarangin | salira alus alurus | kathah ingkang wanodya | pilih ingkang nora asih | akêkasih Undhakan Astramiruda ||
19. sumawita ing sang nata | mantri anom dèn lurahi | agung gawe kabubuhan | arang seba sang narpati | agung mêmaèn kêmit | yèn rina saba lêlurung | karêmêne têgaran | ya ta putri ing Pêtani | kang minăngka garwane Astramiruda ||
20. Dèwi Bitaro[47] wêstanya | duk Astramiruda nguni | kesah ajajah nêgara | kambil ipe ing Pêtani | amantuk maring Jawi | sangking trisnane sang ayu | dadya tumut ing priya | Dèwi Bintaro puniki | pan akathah bêbêtane rajabrana ||
21. sangking trisnaning ing priya | Astramiruda [Astra...]
[Ilustrasi]
--- 10 ---
[...miruda] kang kèksi | datan ketang yayah rena | ing mangke putri Pêtani | tansah sira anangis | tan bisa ningali kakung | Radèn Astramiruda | mangkana sampun alami | nunggal kapti lawan putri ing Ngurawan ||
22. sang dyah alara karuna | sarwi anungkêmi laki | êluhira andrês mêdal | sêsambate mêlasasih | tan dêrman awak mami | ngêtutakên ing wong kakung | tansah tinimbang karsa | katuwane awak mami | nora ketang atilar ing yayah rena ||
23. sun sidhêp tulus asiha | mêngko sêmene wak mami | sun tutake jajah desa | anusup ing êri bandhil | wus tutuk kene iki | parandene awak ingsun | mangke tan atuk[48] karya | baya rama ibu mami | duke kuna tan ana adarbe tapa ||
24. ingsun kang anandhang lara | ajur mati awak mami | lah dewa bandhutên[49] ingwang | kumêdah dama ing laki | prandene tan tan olih | yèn kayua awak ingsun | cêmara pakêkêsan | arênronce[50] awak mami | nora nana ingkang asudi mupua ||
25. lir wohe Bitaro ika | upamane awak mami | anurut ilining toya | yèn kêmbanga awak mami | kêmbang waru sun iki | tan ana kang sudi mupu | datan sudi mêthika | sinikang-singkang[51] nèng margi | kaningaya Rahadèn Astramiruda ||
26. adhuh lae ibu rama | atakèna ing pawarti | yèn putrane nèng Ngurawan | sangking kumêdah ing laki | supaya dèn karsani | dhuh dewa bajutên[52] ingsun | gêsang tansah tan dêrman | amular putri Pêtani | nora pênging wong lanang têka kramaa ||
27. sampun jamake wanodya | nandhang maru siji sisih | inggih marga sangking priya | sang dyah sangsaya anangis | enyane[53] matur aris | dhuh gusti sampun amuhun[54] | sampun wanci wanodya | tinimbang sih maring laki | nanging dika sok dhahara kumawula ||
28. măngsa boronga wong priya | ingkang nawang-nawang rêsmi | salokane wong akrama | gih gusti kawan prakawis | tratrapaning[55] wong laki | yèn ana polahe dudu | dèn bisa abaurêksa |[56] ing wirangipun ing laki | dèn amundhi-mundi wuruking wong lanang ||
29. lah gusti kang kaping tiga | ing salokanipun nênggih | madu kulina wisaya | têgêse punika gusti | anyaosana laki | yèn wontên karêpanipun | ping pat uga sêngara | sampun purun amadhani | lamun duka wong lanang lir warasna |[57]|
30. upamane tinibangan[58] | pasthine amêlarati [amê...]
--- 11 ---
[...larati] | Dèwi Bitaro angucap | nora ketang ingsun mati | saya sru dènnya nangis | agêgulungan sang ayu | angrontok-rontok rema | sêsambate mêlasasih | amiyarsa sang kakung mijil wêtcona ||
4. Pupuh Mamijil kang kinarya gantining têmbang
1. iya rane ingsun angecani | manahe wong wadon | ingkang lagi rudita manahe | ingkang garwa pinadhong[59] tumuli | lah maria runtik | mirah jiwaningsun ||
2. adhuh gusti sampun dika nangis | dewane paturon | wong acèthi-cèthi cuwirine | kang asawang wêrsika rinujit | lan gambir mêlathi | inganggit lan mênur ||
3. adhuh gusti mila dika runtik | mirah jiwaningong | gih punapa kang dados galihe | kinusya-kusya ingarih-arih | ya sang ruming sari | nangis sarya matur ||
4. dalanane yèn nora anangis | kala dina Rêpbo | kesah dhatêng ing pundi ta radèn | cêcaosan kabo kongsi aking | karya wotde ngati | kang raka sumaur ||
5. iya ingsun gusti dèn timbali | malêbu maring jro | maring Rahadèn Sinjanglagane | kinèn amuruk wau anggêndhing | datan suka mulih | sun anginêp banjur ||
6. kinèn nabuh salendro ta yayi | iya wau ingong | lan kinèn ngêpyoki bêdhayane | sang ayu mojar sarwi jiwiti | têmên karya sandi | padu apa iku ||
7. kula uninga yèn dede wong Jawi |[60] gandane wong jêro | Astramiruda alon ature | akêmit ing tumênggungan mami | ingsun dèn timbali | pan kinèn nyalêmpung ||
8. anyalukat pan angêrbap nuli | nabuh gambang ingong | pan sadalu
[Ilustrasi]
--- 12 ---
apan ora sare | banjur kinèn amayang sawêngi | kang garwa ling aris | matur sarwi garut ||
9. ingkang jaja sarwi dèn gabyogi | dicora malacot[61] | tinakonan ora ngaku bae | măngsa ingsun ora wêruh iki | polah pan kêtawis | jaja balur-balur ||
10. kadya tilase kuku kaèksi | guyu Radèn Anom | Astramiruda mangêrpa anggèr | adhuh mirah gusti tadhah runtik | yèn dinawa yayi | agung wirang ingsun ||
11. ya ta kasaru ni enya kang prapti |[62] êmban sangking jro |[63] Nikèn Êmban Saroja wêstane | lampahira ingutus sang dèwi | ing Ngurawan nganti | tansah ngayun-ayun ||
12. êmban jêro ingancaran linggih | mring sang bagus anom | Astramiruda wau dêlinge | ingutus punapa dika nyai | êmban matur aris | kawula ingutus ||
13. kinèn maringakên kang sêsumping | dhatêng ing sang anom | gêgubahan wida lan jêpbade | lan kalpika sakêmbaran sisih | sêkar surèngpati | tinampanan sampun ||
14. tinampanan sêkar sarya ngliring | surate Sang Anom | Astramiruda wus putus angêne |[64] putri Ngurawan sampun angênting | akarya lêlungit | inggih dadya sêmu ||
15. kauningan ungêle kang nulis | pèngêt layang ingong | mugi dhatêng Astramirudane | ya wagene[65] têka anyidrani | sêmayanerèki | dèn pangana ngantu ||
16. sira dhokah gumêrawah ênting | lêlês ludhês kegos | lêbur tumpur alane bae |[66] pan gènira têka nora prapti | sanggup maring puri | mila nora rawuh ||
17. pan sadalu ingsun nora guling | tuwas ingsun caos | nora nendra tanpa gawe bae | cêcaosan tuwas wudhu aking | gawe gêla ngati | têka galang-gulung ||
18. Astramiruda tan ngandêl mami | bok mawi kawaos | lamun jênat ya ta sira kuwe | apan ingsun akampuh karandi | pan ingsun urugi | sinjang pinjung ingsun ||
19. sun maèsi payudara kalih | sampune winaos | ingkang surat pan kathah ungêle | Astramiruda amuwus aris | nyai atur sami | dhatêng jêng mas ratu ||
20. milanipun kawula tan prapti | seba ing kadhaton | dening kawula ing andikane | dhatêng kyai tumênggung sawêngi | kinèn gambang mami | nyai dika matur ||
21. mangke dalu kula caos gusti | lamun ingsun garoh[67] | salira sumăngga ing karsane | dipun kadi puspita rinujit | sampun dadi jalmi | dadya wong agung |[68]|
22. yèn kawula nyai anyidrani | enya ngandika lon |
--- 13 ---
poma-poma sampun cidra radèn | lamun dika nyidrani ping kalih | mendah duka gusti | gih ratu mas iku ||
23. nyai enya pan wus dèn sanggupi | mantuk jro kadhaton | putri Pêtani ika wuwuse | Astramiruda dipun cêthoti | nora sisip mami | lidok ujar ingsun ||
24. sokur suka wiryaa ing riki | dèn prayitna kewoh | sampun lali maring pawongane | Undhakan Astramiruda agli[69] | adadan[70] tumuli | akampuh pêpêlung ||
25. apaningsêt ing pathola wilis | yèn sinawang kaot | kêris tinaturăngga[71] angêne | singa wong kang dulu sami asih | bagus tur rêspati | wong anom kapencut ||
5. Têmbang Sinom
1. kawula tansah winawang | supatra munggèng sêsumping | wasis têmên wong Ngurawan | wong cèthi-cèthi cuwiri | sapolahe mantêsi | gènipun akarya sêmu | tansah agawe brănta | puspita lêsah ing kuping | dadi layon gusti pun Astramiruda ||
2. gandhang-gandhang wong Ngurawan | wilada mindha lêluwing | alo dhewe awèh edan | kang agèndèng-gèndèng ati | siti pêthak kabêsmi | kawula angawu-awu | ingkang asung wigêna | wilêtung miyos mêrapi | ing jro tingal wong ayu asêlaya |[72]|
3. Undhakan Astramiruda | tansah maos rêrêpi |[73] apan ora kêna lunga | binondhetan dhatêng rapbi | kasaru ingkang prapti | utusane Ki Tumênggung | Răngga Jayasantika | ingkang kinèn animbali | sampun lênggah Astramiruda anapa ||
4. kakang dèn utus punapa | ing kanjêng pangeran dipati |[74] Jayasantika aturnya | andika dipun timbali | dhatêng ing raka gusti | lan kang rayi datan katun[75] | prapta ing tumênggungan | Astramiruda wus kering | samya dadan kang arsa kesah apêrang ||
5. ana kang adadan tumbak | ana akarya gêgadhi | ana akarya rasukan | ana akarya bêbênting | ingkang sampun amukti | amanci sakèhing sangu | ana akarya rêrahap |[76] ana kang golèk turanggi | ingkang miskin kalubukan utang-utang ||
6. Dyan Astramiruda prapta | ing ngarsane ki dipati | adangu nora sinapa | Dèwi Surèngrona angling | yayi mas dika linggih | Astramiruda alungguh | kalawan garwanira | kadi konjêma ing siti | asmu duka Tumênggung Jayakusuma ||
7. milanipun asmu duka | dening polahe kang rayi | ki tumênggung sampun wikan | wantune satriya sêti[77] | ki tumênggung lingnya ris | lah bagea ipeningsun | yayi sira nginanga | mung sira sadulur mami | ingsun [ing...]
--- 14 ---
[...sun] uga nora duwe kadang lanang ||
8. Undhakan Astramiruda | awotsêkar sarya nangis | kawula têmahan edan | yèn awèt dèn pitambuhi | punapa dosa mami | angandika ki tumênggung | pan sira nora dosa | marmane sun pitambuhi | ingsun arsa maring ing Nusyakambangan ||
9. dèn bisa sira ngawula | ing benjing sapungkur mami | sêlokane wong ngawula | kapanggih kawan prakawis | dipun kêlakon ugi | supaya olèh bêbêndu | utamane wong ngawula |[78] kang tabêri barang kardi | lan malihe sêtia guna sêrona ||
10. têgêse wong sêti ika | abaurêksa nêgari | têgêse wong asêrana | sugih apiknya tinari | têgêse guna yayi | kang bisa-bisa anambung | nadyan sira gunaa | poma yayi wêkas mami | aja balêr ingkang barang karya ala ||
11. nisthane wong angawula | lah yayi gangsal prakawis | aja sira matur dora | lamun tinari ing gusti | kalih prakara malih | aja sira wani iku | ing larangane nata | kaping tiganipun malih | poma sira aja nibakakên koca ||
12. biyèn sira kala seba | akampuh jingga tinêpi | pinarada ing mas jingga | akalpika loro sisih | padha jumantên adi | yayi ngêndi angsalipun | sira matura sêtya | ingkang rayi awotsari | angsal mênang angabên sawung lan gêmak ||
13. Tumênggung Jayakusuma | saya wuwuh dènnya runtik | kênaa ing ila-ila | yèn sira dora ing mami | dadia wêrjit cacing | yèn sira dora maringsun | kaya pa aturira | yèn dora gêlisa mati | yèn asêtya awèta dadi satriya ||
14. Sastramiruda tur sêmbah | sêtya kawula dewa sih |
[Ilustrasi]
--- 15[79] ---
[...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[80]
--- 17 ---
15. [...] | [...] | [...]man |[81] sing dipangan buta putih | wangsalan wohing dami | atèningsun parikudu | nanging tan kasêmbadan | manggis kuning sun wastani | nora nyana si ludhês têka maleca ||[82][83]
16. akèh sêtyaning wong ala | maringsun amêlasasih | nanging sun kalampahan |[84] si ludhês pinangan sugih | baya sampun amukti | si jênat amangkring angkuh | sêmune nora têka | kang desa loring Sulambi | baya lali jênate Astramiruda ||
17. Ni Êmban Saroja prapta | ngarsane sang rajaputri | ingandikan marang ngarsa | ingawe dèn bêbisiki | biyang matura aglis | polahira ingong utus | biyang age matura | kang êmas kapanggih ngêndi | alon matur rarasatine tinêmbang ||
6. Pupuh Mijil ingkang gumanti
1. raka dika kapanggih alinggih | anèng ing pakuwon | sarwi akampuh jingga angêne | dhuwung landheyan cul sinêmi |[85] cinitrèng mas adi | kandêlan mas murup ||
2. inggih paningsêt pathola wilis | sumping karang mêlok | mênggah kuluk kinanigarane | nyamatipun jumantên amanis | lir Yyang Asmaraning | raka dika bagus ||
3. anging pêksi kêkalih sinandhing | prakutut lan meco[86] | sarwi nyalendro gambang gangsane | pawongane anèng kanan kèri | kawula wêtawis | kathahe papitu ||
4. kang ingadhêp jêram lan kuwèni | wau munggyèng bakor[87] | epok têmbalo tanbuh isine | padam[88] kurung kêkalih mêrapit | lan sêrat kakawin | tumumpang krangulu ||
[Ilustrasi]
--- 18 ---
5. mara gone samya têngga kari | samya rare anom | awatawis salawe kathahe | sami ngadhêp sêngkêrane pêksi | ing watawis mami | samya makan puyuh ||
6. rabènipun wau abodhèti[89] | astane nèng pangkon | kusuma yu pan kagyat manahe | sakalangkung rutike[90] jro ngati | sinamur ing liring | ni inya kasêndhu ||
7. ni inya matur asêmu wêdi | gusti atur ingong | kados siti lan langit pindhane | sakalire raosing kang galih | kados batên[91] sami | layan ruming santun ||
8. ana padhêkan sawiji angling | lan kancane alon | Astramiruda bagus rupane | mung alane yèn dhudhaa iki | sing wong dèn rasani | pasti lamun ayun ||
9. gawok manahe kusuma adi | kathaha ing turon | nora mabu[92] wong angêmpèk bae | karsane arsa dipun dhèwèki | kang aduwe laki | kaya nora asung ||
10. ana padhêkan sawiji angling | ing kina wak ingong | lakèningsun sun parabèkake | bungah rêna rasane kang ati | kang sawiji angling | tobat nibok iku ||
11. aku nora bisa anglampahi | lamun jamaking wong | sira ingsun salokani bae | aku duwe bêras sapêpithi | nuli sun matêngi | akêkêlan sampun ||
12. sambêl ulam pan sampun sumaji | pan têtangganingong | padha sun udang[93] amangan kabèh | sêga ênting abungah kang ati | amèwèhkên laki | bungkêr dudu padu ||
13. kusuma yu ing Ngurawan angling [ang...]
[Ilustrasi]
--- 19 ---
[...ling] | rèhira sun kongkon | Astramiruda paran ature | biyang mau kalakon timbali | ni inya wotsari | ature pukulun ||
14. mangke sontên asêmados prapti | sang abagus anom | arsa sowan dhatêng nahing anggèr | prasêtyanira sampun angênting | asohan ing gusti | mangke dalu-dalu ||
15. sang dyah kusuma amuwus aris | aku nora gawok | jamak wong kakung akèh sêtyane | anging jalidra nora sayêkti | pae awak mami | biyang sêtya tuhu ||
16. anggung abrăngta sor nagasari | sang liring kadhaton | sarwi gendhol pang nagasarine | pan kasaru nyai gêdhe prapti | sang aguru putri | ing asrama rawuh ||
17. kusuma yu gêpah malajêngi | mêndhak ngarsa alon | angaturi pranata karsane | angandika sang guru putri |[94] aja nêmbah nini | pêpulunan ingsun ||
18. mênawi sêmbah-sêmbah kêmangi | iku lumuh ingong | têmah mati mêngko bêngi bae | Rêtna Kumuda amuwus aris | raose kang galih | Dèwi Uma rawuh ||
19. angandika sang guru putri |[95] adhuh anak ingong | ayu têmên citranira radèn | pan bêjane kang amongmong benjing | ingsun aningali | ing sira suh rêmpu ||
20. yèn sun dulu citranira nini | ayu tur awawong | tur akuning tan ana cacade | awak dara gilik tur rêspati | pantêse dêrmani | rêrakêta besuk ||
21. milu pun uwa atijo[96] nini | ingutus sang katong | Ki Tumênggung Jayakusumane | arsa ngluruk maring ing Bali |[97] kinon nyênyangoni | marang sang aprabu ||
22. Rêtna Kumuda aturnya aris | kula sampun caos | lisah babok[98] sarta baborèhe | sumawona arba lawan nyamping | sampun katur wingi | ing kyai tumênggung ||
23. pangraose wau ingkang galih | ing prasêtyaningong | tulusa dadi sadulur bae | sampun kongsi salaki arapbi | batên kalu[99] mami | ing kakang tumênggung ||
24. angandika sang aguru putri | nini anak ingong | ujar iku alêngkara bae | jamaking kakung arsa pawèstri | marganeya panggih | marga sangking wanuh ||
25. mila nini pun uwa mariki | pangkoning sang katong | kinon amuruk ingsun wiyose | mênawi sira nini alaki | ingkang ewuh nini | angawulèng kakung ||
26. upamane nini wong alaki | iku èngêt ingong | kawan prakara ing salokane | iya bêkti wêdi anastiti | têgêse wong wêdi |
--- 20 ---
tan wani ing kakung ||
27. aja wani mêmalangi laki | sangliring[100] pasêmon | anyêgaha ing salarangane | angidhêpa parentahing laki | iya iku nini | wong ajrih ing kakung ||
28. têgêse wong nastiti ing laki | dèn saos pasêmon | asaosa ing karêmênane | aja mêgati siyang lan lastri[101] | pancènana nini | ing dhêdharanipun ||
29. utawa kakung rêmên ing sêlir | ing dyah ayu anom | caosêna sart[102] pangagone[103] |[104] siyang dalu saosna ing laki | iku wong nastiti | kandêl maring kakung ||
30. têgêse sang dyah bêkti ing laki | iku èngêt ingong | prasamakna dewa satêmêne | atura pati kalawan urip | angaturna sisip | siyang lawan dalu ||
31. têgêse wong agêmi ing laki | nini èngêt ingong | dèn gêmi salir guna kayane | dèn agêmi pituture laki | lawan dèn abangkit | baurêksa kakung ||
32. nisthaning wong kadukan ing laki | nini èngêt ingong | catur prakara ing salokane | cundhala sêpda ingkang rumiyin | aja sara wani | nini cala-culu ||
33. kaping kalih arumbaga gini | ala ing pasêmon | wong angêlèr wirange lakine | kaping tigane nyupadra gini | iya iku nini | wong amaro dulu ||
34. kaping sakawan adhustha gini | ala ing pasêmon | wong anyalong[105] kayane lakine | dipun aku sêtine pribadi | dèn prayitna nini | iku wisa agung ||
35. ya ta ana padhêkan kêkalih | padha acêlathon | bênêr têmên sapangandikane | Pandhita Rara sang guru putri | karasa ti mami |
[Ilustrasi:] Pandhita Lara.
--- 21 ---
duk misih cacênthung ||
36. akèh kang ingsun lampahi |[106] raosing tèn ingong | nora padha lan wong pêpangantèn | ingkang lagi antuk sihing laki | awak kuru aking | kang a lir gunung |[107]|
37. kang sawiji alon anauri | kumêsar tèningong | kala aku ingajak karêsmèn | ingsun dohi bari miwal apti | parandene kokih | dèn gulebak gandhu ||
38. sapolahe sang kusuma Ratih | nanging dipun êngon | nanging dipun kêkalisi bae | dhatêng bujăngga aguru putri | sinalinan gêndhing | kêsmaran ing kalbu ||
7. Asmaradana ingkang gumanti
1. ingkang winurcitèng malih | Ki Dêmang Astrawijaya | kadukan dhatêng sang katong | kalarot[108] kang gêgadhuhan | pacara pinundhutan | dosanipun sang abagus | winastanan saba pura ||
2. sakathahe para mantri | aningali mring ki dêmang | sadaya panas atine | sakèhe wong Bauwarna | nibakakên sadaya | dhasar wontên sisipipun | karantên tumrap kewala ||
3. nyata yèn asaba puri | Ki Dêmang Astrawijaya | abrăngta sang liring sinom | nanging datan kasêmbadan | kusuma ing Ngurawan | Rêtna Kumuda tanpayun | ing Dêmang Astrawijaya ||
4. apan salokaning sigih[109] | Ki Dêmang Astrawijaya | bêburu kari alase | punang kidang nora kêna | tuwas kalokèng jana | dene kusuma tanpayun | marma ki dêmang gung brăngta ||
5. amaca kidung pêngasih | Ki Dêmang Astrawijaya | anèng lawang manglong-manglong | wicarane angêngudang | kusuma ing Ngurawan | wong ayu jait anulus | agawe lara wigêna ||
6. wadung pari sun wêstani | kaningaya wong Ngurawan | roning pisang aking wite | asung raras ing kawula | gununge wong Ngurawan | sira mukti kusuma yu | nora tolih ing kawula ||
7. sirap siti sun wêstani | ratu ayu ing Ngurawan | gumêndhèng kagungan bae | sineba nora ngandika | gununge wong Kalisora |[110] sun lêlawu siyang dalu | kusuma kang anèng nala ||
8. waru jêne kusuma di | kang paksi kinarya duta | ayune dèn pikatake | anging ta kula têmaha | kawula ing kusuma | wadêr bang kang mawi sungut | kurang prasêtya kawula ||
9. nora wande ingsun mati | kêrangeyan munggèng têgal | sun atèni[111] salawase | mirah adi ing Ngurawan | nora paring usada | janur kuning awak ingsun | ngong pupus kaya matia [ma...]
--- 22 ---
[...tia] ||
10. kang layang pangluwar kêmit | pun Dêmang Astrawijaya | wus korak awor kêlangon | lawan kusuma Ngurawan | kang bisa asung rimang | kêmbang biru munggèng burus | asung edan kalênglêngan ||
11. akuning sêkar balimbing | intên adi Bauwarna | mendahane jroning langse | buron alit munggèng rema | dèrèng tumon bêndara | toya mijil sangking luhur | awèh edan yèn ngandika ||
12. kang sela awulu wilis | sarèning prang brăntayuda | aja na kang milu duwe | aku dhewe kang duwea | kusuma Bauwarna | prit agêng netrane dadu | katuwon angur pêjaha ||
13. kèndêl amaca rêrêpi | Ki Dêmang Sastrawijaya | karaos kadange wadon | ingkang tansah ingularan | pangajapaning tawang | Astrawijaya angadhuh | kang êmbok pêjah kawula ||
14. Endrapati sun ulari | milang kari[112] jajah desa | ngêlaya bumi kang êmbok | nanging nora kaya pêdhaka |[113] kawula nèng Ngurawan | wurung panggih lan sadulur | sida edan karurungan ||
15. pantêse aku ing benjing | kusumane ing Ngurawan | pinaringakên mring ingong | mendah raose kang manah | supami kalakona | layak putraku têtêlu | siji wadon loro lanang ||
16. kang lanang sun kuciri |[114] arane Jaka Tilarsa | kang anom Kuda Pangawe | anakku kang wadon benjang | ayu jait anawang | nanging akas rambutipun | sun arani Lara Jêbrak ||
17. pantêse saya alami | pangajapanaku tawang | kakang êmbok nuli rawoh | mendahane bungah ingwang | nuli matur si kakang | dawêk katura pukulun | kangbok kaponakan dika ||
18. kangbok rêna kêpati |[115] anakku kinudang-kudang | kabèh pinaringan uto[116] | sadaya tanpa dongdoman | mendahe baya benjang | ki dêmang saya gêng wuyung | lawang kori dèn kêkudang ||
19. Ni Inya Jalamprang prapti | alon matur ing ki dêmang | dhuh gusti sang bagus anom | rayi sampeyan amular | yèn suwawi rahadyan | sang ruming sari tinulung | malar matuna[117] ruditya ||
20. alon mèsêm anauri | Ki Dêmang Astrawijaya | apa kang dadi galihe | wong awibawa karuna | dingarèn gustèningwang | ki dêmang anulya kondur | kering Ni Inya Jêlamprang ||
21. lampahe macan angêlih | Ki Dêmang Sastrawijaya | dèn oglèngakên dhuwunge | mêndhapan amirong koca[118] | Ki Dêmang Sastrawijaya |[119] dhasar satriya abagus | abaut lamun sêrnggara[120] ||
22. putri tawan [ta...]
--- 23 ---
[...wan] sangking Tubin | rapbine Astrawijaya | tariman sangking sang katong | gêmi nastiti ing raka | ayu tur wicaksana | Ni Citrarêsmi ranipun | bêkti wêdi kumawula ||
23. salira alus arungih | asawang golèk kêncana | kadya rêmêg kang ginêpok | wadana lindri anawang | kadi sasi purnama | tênggaknya anglunging gadhung | ingkang lagya kapapanan ||
24. têngahe lir tawon kêmit | astane mindha gêndhewa | anglaring wijang jajane | pambayun sêdhêng nyudênta | kadya maja kêncana | kang pada alus arurus | warna lus canggèh ing tilam ||
25. sêlire dèn pêpaèsi | awatawis kawan dasa | dèn saosakên kakunge | tandhane wong kumawula | kusuma yu mring raka | wong ayu wênang tiniru | rabine Astrawijaya ||
26. panganggene para sêlir | apelak tur warna-warna | ana sinjang genjong ijo | ana sinjang sêsupit urang |[121] wênèh cindhe jêlamprang | ana kakêmbên pamêlung | sawênèh sutra rangrangan ||
27. ana sinjang ragi bali | kakêmbêne jingga măngsa | apanjang sinèrèt bae | wênèh asinjang bathik bang | abonyo tanpa sêngkang | sawênèh lindri dinulu | kang ajamang tanpa lisah ||
28. wau Dèwi Citrarêsmi | amular nèng pagulingan | dèn lulur-lulur sukune | gêlung lukar rinacutan | sêkar mawur tan ketang | dinulu lir mega mêndhung | awrahanèng ing papêrman ||
29. kakungipun praptèng wingking | Ki Dêmang Astrawijaya | garwane alon pinondhong | dhuh mirah wong awibawa | intên rêtna kumala | ingki[122] si wong ayu tulus | intên gèn kula mêmuja ||
30. yèn sampun aguling |[123] sun sarèkakên ing panggyan[124] | sun wisik [wisi...]
[Ilustrasi]
--- 24 ---
[...k] kidung pamiyos | yèn sampun wuru kusuma | ingsun atur pralaya | wong ayu jalma ping pitu | pun Dêmang Astrawijaya ||
31. sapa kang aduwe rapbi | wong ayu jait anawang | mirah adi ing jro langse | widuri jo[125] pagulingan | sapolahe edan |[126] baya intên lan jumêrut | kang dèn ukir dadi dika ||
32. tan pêgat angaras pipi | Ki Dêmang Sastrawijaya | sang dyah kesis kakêmbêne | pabayun[127] kadi nyudênta | gilape lir kêncana | kang madya alus arurus | winêngkul kadya pêpêsa ||
33. akarya banyol kang nulis | biyadane wong pasetran | kang aagêng pambayune | kaya êndhas ula sawa | gèthèkipun sacêngkang | duk ing dangu laki kaum | tukaran dèn pêrang gobang ||
34. ana padhêkan kêkalih | wau sami arêrasan | ki dêmang bagus rupane | baya jamake satriya | nandhing milih wanodya | gustiku warnane ayu | bêkti nastiti wong lanang ||
35. prandene angambil tandhing | Ki Dêmang Astrawijaya | wong bagus branyak bae |[128] ingkang sawiji angucap | ingong uwis waspada | ing warnane kusuma yu | putri adi ing Ngurawan ||
36. yèn ingsun tandhing ing warni | misih ayu guntèningwang | ingkang sawiji saure | ingsun uninga sapisan | marang putri Ngurawan | nanging ing wêtawisipun | layak dimêr pagulingan ||
37. pan ana padhêka[129] jawi | milu anambungi ujar | karasa ing manah ingong | bibèkane duk ing kina | kala misih si dhongkah | lara têmên atèningsun | duk ginawa bêbedhangan ||
38. lamun dalu awak mami | kaya age rahinaa | lamun siyang awak ingong | kaya age adalua | tanbuh rasaning nala | angumbe banyu sabuyung | panasing ati andadra ||
39. mutah warih ngising warih | prandene ati lir wongwa | sun pajar dadi gêguyon | anuli lakiku têka | sêsumping gêgubahan [gêgubaha...]
[Ilustrasi]
--- 25 ---
[...n] | awawêdhak ngiras bau | pan sangking ing saba paran ||
40. aku nora amit malih | lakiku nuli sun jambak | sun ilês kaya pe-êmpe | lakiku tobat-tobat |[130] lah iya lakèniwang[131] | jaluk pêndhok êmas isun[132] | lawan ukiran kancana ||
41. parandene sun têkani | nora etang utang nêlang | si kaki sun gadhèkake | pêndhok kalawan ukiran | têkan si nini pisan | kaki nini nora ketung | nanging malêka akrama ||
42. asuka gumujêng sami | sakèhe para pawongan | samya agabyok[133] awake | sarya padha latah-latah | dene nora kayaa | kaki nini nora ketung | apan sarwi ginablogan ||
43. bature gumuyu bêlik | padhêkan andhèr ing latar | pan samya ababar ladte | kang anèng ing pagulingan | Dêmang Sastrawijaya | garwane tansah rinungrum | rinarêpa ing papêrman ||
44. wong ayu yèn ingsun mati | dèn bisa amilih krama | sampun sawancining uwong | sampun kang kados kawula | andika wong awirya | atêmah abela kupu | sih dika dora sêngkara ||
45. kang garwa mèndêl tan angling | tumungkul awasmu waspa | atămpa dalon wuwuse | pangeran măngsa kalapa | alêrês kang salira | cupêtan ingkang tan wêruh | andika wong kaningaya ||
46. pintên si lamine mangkin | sok sampun dening sêmaya | sarwi dèn ciwêl pupune | mèsêm sarwi ngusap waspa | Dêmang Sastrawijaya | kang garwa alon sinambut | sang rêtna misih karuna ||
47. panangise putri Tubin | anjêlih datan rêkasa | tan miyos sangking jro langse | syarane yèn piniyarsa | têka aweh wigêna | panangise amulang yun | akarya rarasing driya ||
48. ki dêmang amuwus aris | wong ayu gusti mindêla[134] | luhung sarea nah anggèr | manawi èrêk kusuma | gusti wong awibawa | sang dyah madyaning rinangkul | ingaras priniyêmbada[135] ||
[Ilustrasi]
--- 26 ---
49. mapan ingsun kusuma di | kalintang mêksih angeman | dene sira mêksih lare | eman paèse kusuta | sok kawula gêsanga | wong ayu yèn sira sêpuh | tan pêgat asung asmara ||
50. garwane umatur aris | pangeran bèngtèt kawula | sami andhap alit kabèh | kariyin duk bêdhah Tuban | kawula sampun pupak | mèsêm kang garwa rinangkul | ingaras kinusya-kusya ||
51. gamêlan munya rêrangin | mêsih kang anèng papêrman | anuwitani garwane | Ki Dêmang Astrawijaya | saèstune utama | nora kapanggih salulut | kalayan putri ing Tuban ||
52. anyipta sarening urip | rapbine kang têkèng tilam | sinasmita ing jro langse | aningali garwanira | Dêmang Astrawijaya | sampun rinangkêpan kampuh | sakeca dènnya anedra[136] ||
53. anulya tumurun aglis | Ki Dêmang Sastrawijaya | alon tinolih garwane | wadana mancur anawang | kadi sasi purnama | kasênênan madam[137] kurung | ki dêmang mênggah tumingal ||
54. dadya anayuti galih | sangking kasangêtên brăngta | alon lumaris lampahe | Ki Dêmang Astrawijaya | lampahipun anukma | marmane tan ana wêruh | dening katungkul kasukan ||
55. sampun kapit ing gêguling | garwane kantun anendra | pan rangkêp tigang ulêse | asung kabyantaning brăngta | dadya tan ana ketang | ing madya pantara danglu[138] | padhêkan tan ana wikan ||
56. lêstantun miyos ing jawi | sampun dhatêng ing pasowan | kang wong tan uninga kabèh | Ki Dêmang Sastrawijaya | sampun manjing ing pura | tan ana baya kang ketung | lir dhangdhang munya ing tawang ||
8. Pupuh Dhangdhanggula kang gumati[139]
[Ilustrasi]
--- 27 ---
1. kawarnaa ingkang brăngta kingkin | nênggih Undhakan Sastramiruda | binodhèt[140] dhatêng garwane | sasontên datan ucul | malah dhatêng ing têngah wêngi | amicarèng ing nala | wau sang abagus | yèn ingsun tan kalakona | maring pura măngsa kandêla ing urip | maring sang lir kusuma ||
2. iya rane ingsun angecani | ing manahe kang tan awèh lunga | alon sinabut[141] garwane | yyangyyanging tilam arum | kang asawang nila widuri | papakaning kumala | musthikaning ayu | ulate agêtir kilang | mung èsême gumawang amukêt ati | ingkang tanpawèh lunga ||
3. arèningsun sira wong ayu kuning |[142] ingkang sun gawa jajah nêgara | amilang kori nah anggèr | iki wong ayu tulus | pasêmone ngêbêki bumi | gusti sira sarea | mirah jiwaningsun | binêta dhatêng papêrman | nidungan[143] ing asmara urajati |[144] sang dyah eca anedra ||
4. Dèwi Bintaro eca aguling | kadya wong pêjah anahan brăngta | Astramiruda wuwuse | inyane kang dèn uwuh | poma inya wawêkas mami | bok dangu gustènira | atakon maringsun | lah măngsa bodhoa sira | gustènira aja kongsi prih anangis | warahên sun ajala ||
5. pan adarbe panakawan kalih | tau-tate kinarya jaruman | pun Paras Paros wastane | kalangkung dene lucu | dêdêkipun pan adhap[145] alit | wêtênge bêbekelan[146] | anyêmplu dinulu | baune rada kuwaga | wus tangginas mêngakakên lawang kori | sampun saekapraya ||
6. tan kawarni lampahirèng margi | Ki Undhakan Astramiruda |[147] wus manjing tamansarine | sasi padhang sumunu | datan wontên ingkang udani | wus manjing patamanan | kang adhustha lulut | kaya kapanggiha |[148] wus adangu Ki Astramiruda linggih | munggèng patamanan |[149]|
7. kusuma yu wus kapanggih linggih | wau anèng soring pêpathetan | Êmban Saroja rowange | ingka[150] wangon alungguh | jalu èstri samya gêng brangti | sarêng sami tumingal | manahe suh rêmpu | jalu èstri tan salaya | kusuma yu Ngurawan canggèh ing rêsmi | baut Astramiruda ||
8. kadya paksi ingkang tawan kanin | polahipun kang andon asmara | kalih supe kawiryane | sampun wêlèh ing sêmu | ing solahe kang adon[151] rêsmi | muni punang atupan[152] | lan rêngihing manuk | awêdi yèn piniyarsa | lir kapingin larase kang andon rêsmi | bênce munya lir surak ||
9. kathah warnane kang puspita sari |[153] wus wantune kalangênan |[154] asring akathah warnane | anjrah mingèng sang ayu | kang pawanan sêdhêng sumilir | asêrp[155] bangun rahina | kapodhang acilu | aganya[156] kadya gêgonjak | sata wona[157] anjêrit kadi wong
--- 28 ---
amênging |[158] nganggea sawêtara ||
10. pêrnahipun kalangênan sari | apan sawetan pasarean |[159] lêt banon sakêlir bae | tan sinaba wong kakung | dening wêrit tan wontên wani | kusuma yu Ngurawan | dènnya awor lulut | lan Radèn Astramiruda | wus alami tan wontên wau udani | kapanggih sami guna ||
11. kang kasêndhu dhatêng sri bopati | wau Ki Dêmang Astrawijaya | kathah uning duk lêbête | apan sampun ping têlu | lêbêtipun dhatêng jro puri | Dêmang Astrawijaya | tan kapadhan kayun | kusuma dahat tan arsa | pan ki dêmang kinarya lêlakon singgih | dene kang ngomong gita ||
12. salokanipun kusuma adi | kadya badhèr kang sisik kancana | anèng ing sêndhang pêrnahe | kathah ingkang atunggu | larangane sri narapati | wong roro kang misaya | siji ingkang antuk | sèjèn kang kêna larangan | marmanipun kasêndhu dhatêng nêrpati | Dêmang Astrawijaya ||
13. kawarnaa sang aguru putri | wau Nyai Gêdhe Ngasrama |[160] kagyat wungu dènnya sare | dangu sinandhing turu | lan kusuma lêsminèng puri | ginarayang tan ana | kagyat sigra lungguh | wau Apandhita Lara | alon mèsêm kalintang runtiking galih | anging sêmu anduga ||
14. têtêkêne apan wêsi kuning | dipun pindha waos tunjung ladrang | tinatah têkèng pucuke | sadhêpa panjangipun | landheyane pang nagasari | sinopal ing mas jingga | buntare kang lawung | têtêkên sampun cinandhak | miyos jawi sinjange dipun singsêti | matêk braja lamatan ||
15. sirêp kabèh sêmana kang guling | anuju dina Buda Cêmêngan | sampun winilang saate | patbêlas panggihipun | apan lintang ingkang lumaris | dikjaya sami guna | nuju ringkêl manuk | awayah bangun rahina | midêr ngiwa wau sang aguru putri | marang ing pêpungkuran ||
16. Pandhita Rara micarèng ati | kaparêngan kang nyidra
[Ilustrasi]
--- 29 ---
ngasmara | sun dhuwah-dhawèh wadhuke | sun tigas jangganipun | ingsun rajang sun iris-iris | mendah yayi pamăngsa | ganjarane maringsun |[161] layak aku pinaringan | ing nalendra sinjang cangkring dhasar mori | bari kakêmbên modang ||
17. bêbutulan mapan dipun kunci | wus pinandêng ing Pandhita Rara | kunci rêmuk mênga dhewe | wuwusên sang abagus | lampahipun asêmu brangti | Dêmang Astrawijaya | nahên brăngta wuyung | lali pêrnahing ujana | pan adangu komêt anèng dalêm puri | lapak anahêm[162] brăngta ||
18. kang sinambat tan lyan kusuma di | Rêtna Kumuda putri Ngurawan | bisa têmên awèh gawe | lêgane atèningsun | amapakga ing dalêm puri | anuli ingsun êmban | banjur ingsun suwun | mulih sun buntêl ing konca | mendahane wong ayu sêkar balimbing | wong kuning maya-maya ||
19. bisa têmên agawe wiyatdi | kusuma yu biyada Ngurawan | wong ika canggèh pantêse | sapolahe wèh wuyung | ingkang bisa gawe wiyadi | tan wande ingsun edan | yèn tan awor lulut | tan kandhêk dènnya lumampah | ya ta kagyat wau sang aguru putri | alon sigra sinapa ||
20. sapa wonge malêbu ing puri | tanbah[163] saure wau ki dêmang | ampingan nagasarine | apan tan kêna wadung | nênggih wau sang aguru putri |[164] anulya sinarampang | ki dêmang lumayu | anarajang nagapuspa | babak bunyak Astrawijaya awêdi | tan kuwasa malêsa ||
21. kawarnaa sang aguru putri | wau arsa matur ing nalendra | datan kawarna lampahe | awêlèh ingkang sêmu | aturipun sang guru putri | yèn mungêla kang basa | ilang sêmunipun | sampun katur ing nalendra | sapolahe wau sang aguru putri | duka pinêm wardaya ||
22. kalintang duka sri narapati | dhatêng Ki Dêmang Sastrawijaya | nênggih tibane dukane | marmita saya kagugu |[165] sri bopati asring mênangi | marang Astrawijaya | duk manjing kadhatun | Pandhita Rara bujăngga | saya sangêt ature dhatêng mêkasi | mundur èmêng nalendra ||
9. Pupuh Durma ingkang gumanti têmbang
1. kawarnaa Ki Dêmang Astrawijaya | kang anèng dalêm puri | ya ta kawênangan | dhatêng mantri kang langlang | sagung mantri ingkang kêmit | samya tumingal | yèn ki dêmang tan yukti ||
2. samya gita Ki Dêmang Sastrawijaya | kang anèng dalêm puri | abor[166] lir rahina | sagung mantri punggawa | padha alok ana maling | sigra amasang | dalane dèn buntoni ||
3. Jayèngkewuh lurah kajinêman ika | sabature akêmit | anèng lawang wetan | samya asikêp pêdhang | wênèh asikêp tamsir |[167] iya bêranang | abor lir padhang sasi ||
4. lèngsèr ngetan Ki Dêmang Astrawijaya [Astra...]
--- 30 ---
[...wijaya] | anulya dèn kêmbuli | dening kajinêman | dèn sosok parampokgan[168] | dèn byuki pêdhang lan tamsir | Sastrawijaya | prandene tan gumingsir ||
5. lir ampuhan caruke watang lan pêdhang | awor sambu ing wêngi | akathah kacurnan | kasawo padha rewang | Sastrawijaya gumingsir | lumajar ngetan | dèn surak dèn abori ||
6. lawang lor Ki Ngabèi Wirajamba |[169] sabature nunggoni | samya sikêp pêdhang | [...] | abore sinang ing kori | Sastrawijaya | binedrong[170] pêdhang tamsir ||[171]
7. lèngsèr ngulon Ki Dêmang Astrawijaya | dèn surak dèn abori | Dêmang Pangacanan | anèng kulon wus mapan | padha sikêp pêdhang tamsir | pan sampun wikan | ing pura ana maling ||
8. karepotan Ki Dêmang Astrawijaya | karsane arsa mijil | Dêmang Pangacanan | alok yèn duratmaka | sabature anumbaki | wênèh amêdhang | anamsir sangking wuri ||
9. karepotan Ki Dêmang Astrawijaya | tan sagêt malês iki | dèn byoki ing kathah | tan kuwasa malêsa | Astrawijaya gumingsir | ngidul lumajar | binujung dèn abori ||
10. lawang kidul Ki Ngabèi Wilatikta | sabature akêmit | sami sikêp watang | wênèh asikêp pêdhang | wênèh sikêp tawok[172] lêmbing | kadi rahina | abor adhêmping[173] kori ||
11. arsa mijil Ki Dêmang Astrawijaya | nèn[174] lokakên maling |[175] dèn sosogi watang | dipun tamsir dèn pêdhang | lir udan tawok lan lêmbing | kathah kacurnan | samya rowang pribadi ||
12. yèn pasaha Ki Dêmang Astrawijaya | ajur tan ana kari | kadi panjangputra | sinosok ngalang-alang | Sastrawijaya asêti | pan ora pasah | anging sayah kapati ||
13. yèn sêdyaa Ki Dêmang Sastrawijaya | mêjahi bala mantri | kathah ingkang pêjah | mantri ing Bauwarna | Sastrawijaya gumingsir | sarwi marangkang | anut margane
[Ilustrasi]
--- 31 ---
warih ||
14. kang sawênèh lêlurah watange ilang | ana kelangan tamsir | pêdhang kathah ilang | wênèh kêrise ilang | kasusu aburu maling | kathah kacurnan | samya rewang pribadi ||
15. kang sawênèh padha bature rinasta | dipun arani maling | sampun kinakahan | arsa ginarok[176] pêdhang | pun Praya asru anangis | abiyang-biyang | sambate amêlas sih ||
16. padha batur manira iki ki lurah | Ki Praya aran mami | anake Ki Wisa | putune kaki Dipa | Si Buyut Ki Sewakêrti | ajal manira | wong sangking ing Kêsambi ||
17. dèn abori maring lêlurahe inggal | gumuyu maringis |[177] kaliwone mojar | nyata lamun Si Praya | ingya[178] sira sun uculi | mêngko ing umah | anjaluk sarma picis ||
18. wus lumajar Ki Dêmang Astrawijaya | anut marganing warih | abor kadi rahina |[179] ingkang aburu dhustha | ki dêmang datan kapanggih | abilulungan | ingkang abujêng maling ||
19. sakathahe punggawa nagri Ngurawan | ingkang sami akêmit | sarêng matur sira | marang sang analendra | anênggih sang panduka ji | munggèng wangunan | pinarêk kanthil gadhing ||
20. alon matur Ki Ngabèi Wirajămba | kang saba dalêm puri | pun Astrawijaya | paran karsa panduka | akampuh jingga rinukmi | sabuk pathola | asumping surèngpati ||
21. Jayèngkewuh aris matur ing nalendra | kang sabèng dalêm puri | pun Astrawijaya | amirong kampuh jingga | asabuk pathola wilis | yêktos pun dêmang | kawula datan pangling ||
22. sakathahe punggawa mantri Ngurawan | wau kang sami kêmit | sami ing aturnya | anibakakên samya | ing Sastrawijaya nênggih | Prabu Ngurawan | duka yayah sinipi ||
23. yèn mêngkono Si
[Ilustrasi]
--- 32 ---
Dêmang Sastrawijaya | lumuh ginawe bêcik | ingong putra-putra | saya ambêk wisuna | mojar sang aguru putri | atur kawula | ing yayi sami aji ||
24. salokane wonga ala kawan prakara |[180] dewaji kang rumiyin | ăngsa binaboga | sêrnggala[181] pinutra-putra |[182] taksaka sinung pamulih | kaping sakawan | palwaga dèn payungi ||
25. têgêsipun palwaga apan wanara | upami dèn payungi | pinrih jatmikaa | lan kampuhana jingga | yèn lumampah pinggir margi | amanggih kacang | tan wande dipun sisil ||
26. têgêsipun kang ăngsa binoga-boga | banyak karya pralambi | nadyan pakanana | dodol adina-dina | upami kirang sadhidhik[183] | wantu sêrnggala | tan wande mangan tai ||
27. têgêsipun têksaka sinungan mulya | upami ula mandi | nadyan pakanana | madu adina-dina | pangraosing ingkang ati | wantune sarpa | tan wande angalani ||
28. kawarnaa sang aprabu ing Ngurawan | duka yayah sinipi | dening amiyarsa | ature ingkang raka | ngandika ing para mantri | pacuwan sira | kawartaa ing jawi ||
29. kawarnaa Ki Dêmang Astrawijaya | kang miyos sangking puri | atêlês kampuhnya | sarirane alupa | amicarèng jrone ngati | putri Ngurawan | sinambat jroning ati ||
30. sampun prapta ing dalêmipun ki dêmang | kang garwa anungkêmi | Ki Astrawijaya | têmuju anendra |[184] garwanira amêtêki | anèng ing dagan | waspane adêrs[185] mijil ||
10. Pupuh Mijil ingkang gumanti têmbang
[Ilustrasi]
--- 33 ---
1. Sastramiruda kawarnaa malih |[186] kang sampun karongron | sakèh mantri ingkang kêmit kabèh | nanging datan wontên udani |[187] lintang dening sêti | wau sang abagus ||
2. sira Paros pan angitip-itip | polahe lir bunglon | anèng lêmah angagir awake | kaparêngan ona[188] kalajêngking | ya ta garêmêti | lumêpbu ing irung ||
3. sira Paros pan ajêmplang-jêmpling | tulungana ingong | sigra pun Paras jampèni age | gupuh mamah pêntil kolang-kaling | kang sinêmbur nangis | kang anêmbur abuh ||
4. ya ta pun Paros wêkasan nangis | lambene malêpoh | dèn usapi lan bêbêtde dhewe | bêbêtipun binutêlan[189] pancing | ya ta wuwuh sakit | dawir irungipun ||
5. Ni Saroja dipun garêmêti | ing Ki Paros alon | dawêk nini ajêjaban bae | lamun dika karsa angladosi | Ni Saroja angling | pan sarwi gumuyu ||
6. dening sira iki maksih alit | angajak pulang ron | ya ta Ki Paros alon saure | nadyan cilik kamanira bibi | sêpuh ingsun nyai | mênangi pandêmung ||
7. pan Ki Paras jawil sangking buri | nyai atur ingong | iku uga bocah wingi sore | baya padha lan manira iki | pae awak mami | wêruh pagalêdhuk ||
8. sampun luwaran kang andon rêsmi | wêdharing kalangon | jalu èstri pan padha cuwane | sêlêk pupul nalikaning wêngi | kawarnaa enjing | kyai tumênggung |[190]|
9. wus anata sikêping ajurit | praboting palugon | Dêmang Jayalêksana ginawe | anitihi ing wong mêdhang tamsir | panganjuring jurit | sikêp gangsal atus ||
10. Răngga Jayasantika nidhihi[191] | dhadhane palugon | wong abêdhil [abêdhi...]
[Ilustrasi]
--- 34 ---
[...l] tinitihan kabèh | binaracoh[192] tawok lawan lêmbing | kèhe winitawis | amung gangsal èwu ||
11. Ki Arya Wijatmaka singgih |[193] pan sampun asaos | angampingi ratane kakange | wong Cêmara sampun dèn titihi | padha wani mati | amung gangsal atus ||
12. sang adipati angandika aris |[194] dhuh dewaning sinom | aja tumut sira nglurug anggèr | na pindhane yèn sun mênang jurit | mênawi kajudhi | katawan ing mungsuh ||
13. Prabu Jayalêngkara asêti | rajèng Bali kaot | wus kaloka lamun ing wingite | pintên banggi yèn pun kakang urip | lah kantuna gusti | gèn ingsun anyatu ||
14. lamun ingsun apês ingkang jurit | dhuh sang kadi sinom | akramaa satriya anggèr |[195] tulusa wirya amukti sari | sasamane benjing | kang anaking ratu ||
15. putri Cêmara runtik ing galih | ulate acêlor | jêro têmên pangeran pamrihe | amèt wigêna ana ing ati | baya awak mami | dèn guh maro dulu ||
16. putri Cêmara umatur aris | dhuh dewaning sinom | putri Cêmara ayu warnane | kêna kudang yèn dadi prajurit | yèn wêdia mati | adêlap tumuwuh ||
17. mêksih karaos kawula gusti | kalane binoyong | kala timur kinêmpit lir wade | apan cinatu lir pendah pêksi | lêbura lir siti | ingong milu nglurug ||
18. alon rinangkul sang ruming sari | dhuh dewaning wadon | amung sira gusti musthikane | kusuma cèthi abêkti ing laki |[196] sira wutah ati | kêrase kalangkung ||
19. amung sira wilutamèng rêsmi | dêrsanalèng turon | wong asèdhêt saparipolahe | kang asawang kumala rinujit | ping sapta andasih | dewa pun tumênggung ||
20. ki tumênggung angandika aris | inya kinèn miyos [mi...]
[Ilustrasi]
--- 35 ---
[...yos] | kakang Răngga Jayasantikane | konên caos tandhu lawan joli | kang ajait ati | kêdah mèlu nglurug ||
21. kusuma yu ing Cêmara angling | dhuh lênggana ingong | dèrèng tau nitih joli radèn | amung rataku Si Sănggarunggi | kang sun gawa mati | benjing prang ing Wangsul ||
22. sampun lumampah sang adipati | tan kantun sang wadon | ginarêbêk ing padhêkane |[197] lêlancang mas lan sawunggaling |[198] wus miyos ing kori | dalême kapungkur ||
11. Pupuh Pangkur ingkang gumanti
1. kocapa Prabu Ngurawan | sri nalendra wau miyos tinangkil | asmu duka sang prabu |[199] datan katarèng detya[200] | milanipun asangêt duka sang ulun | Ki Dêmang Astrawijaya | paran dukane nêrpati ||
2. ature Pandhita Rara | wau ingkang winurcitèng ing galih | kala malêbu ing kadhatun |[201] Dêmang Sastrawijaya | kawênangan piyambak dhatêng sang prabu | ya ta sang natèng Ngurawan | akarsa dipun wêkasi ||
3. pêpêk sagung mantri seba | yèn dinulu kadi kang tamansari | kya patih munggèng ngayun |[202] lan Radèn Sinjanglaga | Ki Tumênggung Pangancanan datan kantun | Angabèi Wirajămba | Răngga Supatrèng ngrawit |[203]|
4. Undhakan Astramiruda | dènnya nangkil apan kantun pribadi | asabuk pathola wungu | akampuh jingga măngsa | lir wong nopèng lènggèr warnane dinulu | sêngkang bapang sinamiran | solahe ajungkarangin ||
5. Ki Dêmang Sastrawijaya | apan mojok wau dènnya anangkil | kang lathi samun dinulu | lupa raosing driya | asmu cêlong citrane tuhu akusut | kadhasih munya ing tawang | sêmune kadya guyoni ||
6. Tumênggung Jayakusuma | nulya prapta wau kalih kang rayi | lir Yyang Asmara wèh ing rum | lawan Ni Wilutama | kalanipun [kalani...]
[Ilustrasi]
--- 36 ---
[...pun] sewaka Bathara Guru | prapta ngarsane nalendra | gawok sakèh kang anangkil ||
7. sang aprabu angandika | ki tumênggung ora ingsun sangoni | anging kurang ingsun turu | lan kurang ingsun dhahar | sun srahakên marang sira ki tumênggung | dinulura ing juwata | bêdhaha nêgara Bali ||
8. sri bopati angandika | dhatêng ing putri Cêmara aris |[204] apa sira milu nglurug | marang ing kakungira | awotsêkar Dèwi Surèngrona matur | sanadyan pêjah gêsanga | inggih tumut panduka ji ||
9. Prabu Ngurawan ngandika | anak ingsun nini sira dèn bêcik | pantêse wani ing kakung | kalintang tarimaningwang |[205] winowonga ing sira juwata luhung | dene wanodya prawira | ayu tur sêtya ing laki ||
10. kusuma yu Surèngrona | matur nuhun dhatêng sri narapati | ki patih dinuk ing sêmu | dhatêng sri naranata | hèh apatih atêrna anak tumênggung | mantri gawanên sadaya | balia ing Kali Bathil ||
11. poma patih wêkas ingwang | upayanên banthèng ingkang ajulik | ingkang asungu mas luru | ingkang mata kumala | ki apatih sampun kaduga ing sêmu | Kalana Jayakusuma | sohane[206] andhadha paksi ||
12. hèh anak Jayakusuma | dèn kalakon bêdhaha nêgara Bali |[207] amung sira ki tumênggung | jimating wong Ngurawan | aja kongsi ing benjang mindhoni laku | ki tumênggung atur sêmbah | antuka sawap sang aji ||
13. sampuning ngaturi sêmbah | dyan lumampah ingiring para dipati |[208] kang wadya asrang anggêrgut | tan lalih[209] sikêpira | umbul-umbul daludak lawan lêlayu | Ki Dêmang Jayalêksana | dadya panganjuring baris ||
14. Tumênggung Jayakusuma | awahana wau turăngga kuning | lir Yang Asmanra[210] [Asma...]
[Ilustrasi]
--- 37 ---
[...nra] dinulu | rinênggèng ing busona[211] | pinayungan kartas biru abêbungkul | maniking toya rineka | sambêrilène[212] angrawit ||
15. kang anèng ing ngarsanira | ponakawan ing kanan lawan kèri | ana abêkta kêkacu | kinang[213] ardawalika | banyakdhalang lantaran cêcêp mas luru | kêkuthuk mas kinatipa | asri warnane lumaris ||
16. kusuma yu ing Cêmara | tanpa tandhing ayu pratamèng kawi | kadi Srikandhi dinulu | mêgêp[214] wahana rata | pinangyungan[215] kartas jêne kusuma yu | bungkul mirah pinangadha | sarwi amangku jêmparing ||
17. pawongane kèri kanan | apan sampun awahana turanggi | wêtawis wong patang puluh | abêkta upacara | sawunggaling ardawalika kêkacu | lêlancang bokor kancana | kêndhi pratula sinunggi ||
18. datan kandhêk lampahira | ki tumênggung kang arsa mangun jurit | mêdal sangking kitha sampun | taman gêntêr kalintang | ing Caruban badhe pamondhokanipun | kantun suwêng kang nêgara | padha ngatêrakên sami ||
19. busêkan wong sanêgara | agêng alit sadaya aningali | ing lampahe ki tumênggung | apan dadi totonan[216] | sing adulu kasaputên brăngta wuyung | Kêlana Jayakusuma | dadya kundhanging pawèstri ||
20. sawênèh ana angucap | ingsun têdha marang dewa kang luwih | kang lagi andon anglurug | muga lananga yuda | panêdhaku bêdhaha nêgara Wangsul | Kêlana Jayakusuma | ing benjang boyonga putri ||
21. muktine măngsa mèlua | lamun papa milu aku prihatin | dening warnane [warna...]
[Ilustrasi]
--- 38 ---
[...ne] abagus | Kêlana Jayakusuma |[217] kang sawiji bature mèlu amuwus | Kêlana Jayakusuma | pantêse prajurit sêkti ||
22. Pangeran Jayakusuma | lunga nglurug sapa sinambat ing sih | yèn ana wong brăngta wuyung | jêjampine punapa | bagus anom kang nama radèn tumênggung | prajuriting wong Ngurawan | mendahing sajroning rêsmi ||
23. kang sawiji aris mojar | asêmbada wau lawan kang rayi | ikang[218] si wong ayu tulus | sêtya tuhu wong lanang | jalêr asih manahe radèn tumênggung | marang kusuma Cêmara | ayu tur putri prajurit ||
24. pantêse wani wong lanang | sasêmone kusuma yu katawis | bature ana amuwus | aku amirsa warta | lagi anyar kadhawuhan sihing kakung | karane putri Cêmara | asih lulut milu mati ||
25. kang sawiji aris mojar | nadyan silih kusuma di ingkang rayi |[219] jêr ana ingkang tinêmu | sêtya tuhu wong lanang | pratandhane milu nglurug marang kakung | yo[220] ra têrsna wong lanang |[221] jêr milu sabaya pati ||
26. tan pêgat dadi totonan | lampahipun wau sang adipati | datan kawarna ing ênu | Dêmang Astrawijaya | ingkang sangking panangkilan mulih kusut | gêrwane pinituturan | maras atine anangis ||
27. ingsun mirah wande kesah | yêkti wurung nglurug marang ing Bali | arsa ngatêrakên ingsun | marang kakang dipatya |
[Ilustrasi]
--- 39 ---
lah karia mirah ingsun radèn ayu | ewuh kaya wong lumampah | manawi kalangan mati ||
28. garwane maras kang manah | amiyarsa ujare kakung amrih | ingkang gêrwa kêdah tumut | mojar Sastrawijaya | aja milu yayi ingsun nora dangu | ki dêmang sampun lumampah | tan têbih lawan ki patih ||
29. sampun lêpas lampahira | Ki Tumênggung Jayakusuma nênggih | kyana patih sampun wangsul | apan wau ki dêmang | datan kandhêk lampahipun ki tumênggung | kang arsa bêdhah nêgara | lir palwa amanggih angin ||
30. kyana patih kawarnaa | wus lêstari wau gènipun mulih | sakèh mantri kamisêpuh | miwah rêkyana patya | pan kèmêngan dènira mrih pêjahipun | Ki Dêmang Sastrawijaya | mundur prapta Kali Bathil ||
12. Pupuh Durma ingkang gumanti
1. alon matur Ki Ngabèi Wirajămba | dhatêng rêkyana patih | angantos punapa | banthèng singat kancana | dawêk winêkasan mangkin | mupung adhakan | mênawi sêlêk kêsit ||
2. aris matur Ki Tumênggung Pangancanan | ngati[222] paran kiyai | batên winêkasan | bilih kasêlak giras | menmah[223] dukane nêrpati | sampun arêmbag | ngantos paran kiyai ||
3. sampun nabrang Ki Dêmang Sastrawijaya | sigra binendrong [bine...]
[Ilustrasi]
--- 40 ---
[...ndrong] bêdhil | pan sangking ing ngarsa | miwah sangking ing wuntat | tuwin sangking kanan kering | wau ki dêmang | wongira akèh mati ||
4. kadi udan towok lêmbing lawan panah | mimis kadi garimis | tan kabêr[224] malêsa | Dêmang Astrawijaya | sinasog[225] ing ganjur rukmi | dèn byoki watang | kudane malah mati ||
5. pangucape Ki Dêmang Astrawijaya | kaningaya ki patih | ingong nora dosa | têka pinrih palastra | sumawona awak mami | tan olih wirya | sisipa sangking pati ||
6. kang sinambat amung sang putri Ngurawan | gusti tukua warti | kawula palastra | adèrèng kongsi punapa |[226] kalayan lêsmining puri | prandene dewa | pêjahe sun adhêmi[227] ||
7. datan ketang kang pati sun karya dona | anging yèn ingsun mati | gusti maèsona[228] | kincange alis dika | kirimên ing gantèn wangi | amung kusuma | kang asung lara pati ||
8. sira Dêmang Sastrapati atur sêmbah | atur kawula gusti | pan sampun kantênan | yèn punggawa Ngurawan | rahadèn arsa ngamuki | luhung maguta | amrih kiwuling pati ||
9. nyandhak lawung Ki Dêmang Astrawijaya | dipun êmbat kumitir | panjang tigang dhêpa | sinopal ing kancana | pacêke biring alungit | nulya sêsumbar | kêmbulana ngong jurit ||
10. baturipun Ki Dêmang Sastrawijaya | tumpês akathah mati | kantun kawan dasa | samya wong papilihan | tur padha dèn tarimani | atuwuk dadar | trahing wong wani mati ||
11. tandangipun Ki Dêmang Sastrawijaya | lir saradula wani | sêdhêng olih măngsa | datan ngeman pralaya | pangamuke galong[229] pipis | atilar watang | angamuk karo kêris ||
12. ramening prang pêpati pating jalêmpah | akathah ingkang kanin | lir pendah ampuhan | syaraning wong kabranan | pating pancurat kang gêtih | wênèh lumajar | asambat biyang nini ||
13. bubar larut punggawa ing Bauwarna | mêksih angeman pati | pan rêkyana patya | lumajêng tilar bala | wong Ngurawan samya ajrih | Ki Wirajămba | lumajar nandhang kanin ||
14. sumawona Ki Tumênggung Pangacanan | lumajar niba tangi | apan kadhungsangan | Ngabèi Wilatikta | Ki Răngga Supatrèng ngrawit | lumayu ngithar | malah tiba kapesing ||
15. asêsumbar Ki Dêmang Astrawijaya | angantia ki patih | dudu wong prawira | têka tilar galanggang | kaya budine wong cilik | ing wong Ngurawan | saya asipat kuping ||
16. sampun katur dhatêng Sang Prabu Ngurawan | duka yayah sinipi | dening [de...]
--- 41 ---
[...ning] amiyarsa | mantri ing Bauwarna | sadaya ingamuk gusis | wus tinimbalan | kêkasihe sang aji ||
17. wus tinuding Undhakan Astramiruda | sampun kinèn nitihi | kang wadya kaparak | kang samya sasêliran | kathahe wong tigang biting | sampun samêkta | waos kalayan bêdhil ||
18. sêsandêran lampahe Astramiruda | prapta ing Kali Bathil | kapêthuk ki patya | alon dènnya wêtcona | anak mas dèn ngati-ati | Astrawijaya | sampun aderah pati ||
19. sampun liwung Ki Dêmang Astrawijaya | tan pasah dening wêsi | alon aturira | wau Sastramiruda | mangke kiyai patih |[230] kula piyambak | kang sanggup angêmbari ||
20. katingalan Ki Dêmang Astrawijaya | Astramiruda angling | mênèk wong Ngurawan | ana ingkang prawira | ingkang sanggup angêmbari | marang ing sira | payo majua aglis ||
21. kinêmbulan Ki Dêmang Astrawijaya | dening mantri prajurit | myang para punggawa | angêmbuli sêdaya | ing kanan kalayan kèri | sira ki dêmang | karepotan ing jurit ||
22. katriwandhan Ki Dêmang Sastrawijaya | yudane kasaliring | sampun kaprajaya | wêntisipun kang kiwa | ludira sumirat kuning | niba ing lêmah | ki dêmang sêsambat mati |[231]|
23. apan kagyat wau dènira tumingal | Ki Dêmang Citrèngpati | yèn gustine tiba | agêpah pinalayyan | gustine sampun sinunggi | nulya lumajar | angungsi ing wanadri ||
24. wontên silih andêle wong kadêmangan | aran Ki Rêsapati | lawan Nagapatya | kalawan Sêtyapatya | lawan aran Jagapati | lan Surapatya | kalawan Ranupati ||
25. wontên malih kang aran Ki Wirapatya [Wira...]
[Ilustrasi]
--- 42 ---
[...patya] | lawan pun Cakrapati | lawan Wăngsapatya | lawan pun Jayèngpatya | kalawan Ki Wisapati | pan sami sayah | ngaup soring têngguli ||
26. batur kănca kaki dêmang wus nandhang brana |[232] payo apulah gêtih | prandene ngawula | benjing măngsa kandêla | lara punapa wong mati | kiyai dêmang | pasihane kaèsthi ||
27. wong suwidak tunggal ati ngamuk rampak | sadaya aderah pati |[233] kadi saradula | galak amăngsa sarpa | wong tigang biting nadhahi | dhasar wus sayah | siji tan ana kari ||
28. tumpês kabèh balane Kiyai Dêmang | Rêsapati wus mati | Ănggapati pêjah | Nayapati palastra | wontên sambat anak rabi | mung pakothokan | sapa ingkang ngrawati ||
29. angandika pun Patih Jêksanêgara | wau dhatêng ngabèi | lawan sira dêmang | gawaa wong sanambang | manjinga maring wanadri | Sastrawijaya | sampun anandhang kanin ||
30. karuhêna yèn kêna sira candhaka | wus lumampah tumuli | sakèhing punggawa | sami ngalêm sadaya | iki wong bagus kapati | Sastramiruda | anom mêkasi kardi ||
13. Pupuh Sinom kang kinarya gantine
[Ilustrasi]
--- 43 ---
1. kyana patih kawarnaa | apan sampun bubar mulih | Undhakan Astramiruda | anom amêkasi kardi | tan kawarna ing margi | sampun manjing ing kadhatun | sang prabu ing Ngurawan | lagya ngandika sang aji | duk pinarêk kalayan Pandhita Rara ||
2. ki apatih sampun prapta | ing ngarsane sri bopati | umatur sarwi anêmbah | anuhun duka nêrpati | wadya panduka alit | dewaji akathah rêmpu | kalih bêlah kang pêjah | tigang atus ingkang kanin | lintang sêti pun Dêmang Sastrawijaya ||
3. kathahe mantri punggawa | ingkang sami angêmbari | ing Dêmang Sastrawijaya | wau sampun nandhang kanin | malah ngungsi wanadri | apdi panduka abujung | pun Dêmang Tanpanaha | Angabèi Sawunggaling | wadya alit dewaji bêkta sênambang ||
4. ngandika Prabu Ngurawan | yèn ingsun kala rumiyin | maring Ki Astrawijaya | sih ingsun acilik wukir | anging ing kala mangkin | panas kang ati kalangkung | dene angrusak taman | sokur yèn si dêmang mati | dèn tigasa wong ala ginawe apa ||
5. Undhakan Astramiruda | ya patih sun junjung linggih | apan sun karya wêdona[234] | sira undhangna ing jawi | dimone[235] dèn linggihi | sakèhe têtilaripun | Dêmang Sastrawijaya | patih srahêna tumuli | sadalême srahêna Astramiruda ||
6. sakèhe ingkang pawongan | tanapi kang para sêlir | miwah kagungan sadaya | ala bêcik aja [a...]
[Ilustrasi]
--- 44 ---
[...ja] kèri | miwah regol pakathik | asrahêna mring si bagus | lintang ingong pracaya | dening angêntasi kardi | jumênênga Tumênggung Astramiruda ||
7. ki apatih awotsêkar | Astramiruda wotsari | wus lèngsèr sangking ngajêngan | sagunging punggawa mantri | sêdaya wêdi asih | dhatêng adile sang prabu | nênggih putri ing Tuban | pan sampun miyarsa warti | yèn kakunge pinrih pêjah ing nalendra ||
8. sampun tilar kawibawan | inya wau tut wingking |[236] samargi tansah karuna | anjujug ing Kali Bathil | kang sinambat ing tangis | tan liyaning kakungipun | kangmas pangeran ingwang | nora linyok ujar mami | ngêndi gone sun milu tunggal palastra ||
9. kusuma di ing Ngurawan | pan asampun mirsa warti | [...] | [...] | wartane dalêm sêbit | ing wingi jinujung lungguh | kaparcaya ing apa | dening kinarya dipati | yèn si ludhês wartane dadi wadana ||[237]
10. umatur Inya Saroja | marmane jinujung linggih | Undhakan Astramiruda | dening amêkasi kardi | lintang sihe nêrpati | jinênêngakên tumênggung | kusuma yu ngandika | sokur wong ika amukti | wêtarane wuwuh angkuhe si jênat ||
11. ana dhasare kagungan | wong ika mêngko amukti | cagêr saya wuwuh ladak | pamangkringe maring mami | apan sampun amukti | dalêm tumênggung mathuthung | panêdhaku si longkrah | dèn sarapba lara sunthi | dèn paraga ing mukting[238] lan awibawa ||
12. Undhakan Astramiruda | apan [apa...]
[Ilustrasi]
--- 45 ---
[...n] wus wibawa mukti | dalême Astrawijaya | ingkang wau dèn lêbêti | sakèhe ingkang kari | angawula ki tumênggung | nêngna Sastramiruda | kang lumajêng nandhang kanin | rêreyongan Ki Dêmang Sastrawijaya ||
13. samargi tansah karuna | ingkang sinambat ing tangis | anging kang raka wanodya | kang kesah tilar nêgari | kang sinambat ing tangis | kakang êmbok sanak ingsun | baya nora supêna | rayi dika nandhang kanin | kakang êmbok baya cinandhi ngawiyat ||
14. yèn kakang êmbok gêsanga | nora mêngkene wak mami | paman Aji ing Ngurawan | kaningayane kapati | matur Ki Citrèngpati | radèn dawêk minggah gunung | Citrènggati turira | dawêk gusti minggah wukir | Ngarga Wilis mênawi wontên wong tapa ||
15. ya ta kèdhêp aturira | Sastragati Citrènggati | Ki Dêmang Sastrawijaya | sumêngka ing Ardi Wilis | nênggih ingkang palinggih | Wasi Curiga ranipun | lintang dene maruga | kèdhêp saliring kumêlip | dyan ki dêmang anut ing Curiganata ||
16. Ki Wasi Curiganata | dêdêgipun agêng inggil | apradêksa tiningalan | kesya panjang tibèng siti | paningalipun andik | wêdona nêmbaga sêpuh | cêmêng kang pasariran | babêrngos godhèk ngajrihi | sasêmone pasaja mantêp ing ujar ||
17. lêlêbêtane[239] sang tapa | sura lêgawa ing pati | asabar lila ing donya | pan sampun angeka warni | datan wontên tumandhing | sinihan bathara luhung | yèn kala angandika | asmu
[Ilustrasi]
--- 46 ---
garap angajrihi | yèn gumujêng waja kengis rangap-rangap ||
18. Ki Dêmang Sastrawijaya | wus katur sang apalinggih | pan sampun ingakên wăngsa | ki dêmang kawratan ing sih | karantêne alami | anèng agraning Sumèru | tatune wus waluya | mulya kadi wingi uni | lintang sêti Ki Wasi Curiganata ||
19. sampun kalih wêlas dina | lamine anèng ing wukir | Ki Dêmang Astrawijaya | datan pêgat dèn aturi | ing lurahipun kalih | ature anêdha mantuk | Dêmang Astrawijaya | arahe sadina mangkin | amit kesah sinêdya kitha ing Daha ||
20. kalawan raka andika | dingarèn eca aguling | sampun kalih wêlas dina | gusti wontên Ngardi Wilis | tan wikan dènnya guling | ing siyang tanapi dalu | gèn sare raka dika | anging têmbenipun mangkin | raka dika asare sasontên mila ||
21. awungu Wasi Curiga | awatuk sarwi awahing | anyambut toya ing conthang | arah waja alinggih |[240] abalut sotya andik | adhing ing ngriki alungguh | gêpah majêng ki dêmang | parêkan andhèr ing siti | anêpda gor Ki Wasi Curiganata ||
22. adhi ana baya têka | pinêsthi sadina mangkin | pêkênira dèn prayitna | kalawan Si Citrèngpati | lawan Si Astrènggati | poma aja sira tungkul | Dêmang Astrawijaya | mèsêm [mè...]
[Ilustrasi]
--- 47 ---
[...sêm] sarwi awotsari | ing pakewuh awiyos sangking punapa ||
23. adhi baya ingkang têka | punika ujare mantri | punggawane wong Ngurawan | kang padha alinggih lampit | duk manira takoni | sakêcap lamun ingutus | anusul marang ing sira |[241] matur Lurah Citrèngpati | yèn mêkatên kadospundi karsa dika ||
24. asru gumuyu anglênggak | Ki Wasi Curiga angling | aja maras atinira | yayi êmas sun rewangi | ingsun atalang pati | sampun sawiyahe wong gunung |[242] ora kakehan polah | ujar pisan sun adhêmi | dhingin mangkin pun kakang ujar sapisan ||
25. ki dêmang aris aturnya | kêlangkung nuhun kiyai | anênggih sihe pun kakang | tan kawawa amangsuli | anging kawula amit | ing benjang kawula wangsul | lamun kawula gêsang | inggih kados batên lami | ing Kadhiri arsa atêtijo[243] wăngsa ||
26. angucap sang apratapa | yayi aja lunga mangkin | ala dinane sêngkala | ing mangke anêrang baris | petanganipun yayi | ragi angetan angidul | anyinggahi rêncana | matur Lurah Astrènggati | pênêdipun lumampah ngalèr angetan ||
27. yèn pasthi sangking ing pêjah | tan kêna owah lan gingsir | lamun sampun sangking măngsa | sapa kuwasaa mênging | apan wêkasing urip | pasthi [pa...]
[Ilustrasi]
--- 48 ---
[...sthi] pati kang tinêmu | mojar Wasi Curiga | asêndhu dènnya mancèni | aja ngepon wong anom beka nêlăngsa ||
28. yèn wuwus amung sapisan | pangraos manira yayi | anging yèn winiraosan | prailang jênênging budi | ingundhakakên malih | yayi wiraos puniku | ingkang sampun tumêka | ing urip tan kêna pati | amituhu Ki Dêmang Astrawijaya ||
29. anging ta yayi manira | nora bisa ujar balik | baya kakehan wicara | amêmêtca nora bangkit | apan ingsun wong wukir | dhingin adhi milanipun | atilar yayah rena | wontên manira ulati | pan sadulur têtiga datan kantênan ||
30. kang kêkalih padha lanang | kang siji waruju èstri | kabèh ta sadulur ingwang | satus kapat sasur siji | tur padha jalu yayi | mung siji èstri waruju | apan tunggal wêwadhah | yayi kang lunga kêkalih | seyos ibu lan manira ingkang lunga ||
31. tumungkul sira ki dêmang | waspa mijil dèn usapi | apan karasa ing nala | saya èngêt datan lali | angling sajroning ati | baya iki sanak ingsun | priyayine wong Jênggala |[244] Pangeran ing Wonagiri | katarini si kakang dadi gulundhal ||
32. amuwus Wasi Curiga | yayi mulane anangis | pan ora bêcik wong lanang | anangis bulah pawèstri | ki dêmang matur aris | kakang [ka...]
[Ilustrasi]
--- 49 ---
[...kang] wontên kang kagugu | sagunge dika pajar | karaos dhatêng pun yayi | anging èstri kadang kawula kang murca ||
33. apan botên bêkta rencang | amung têtiga pawèstri | punika ingkang binêkta | kadya jinêmapana ngangin |[245] sampun sawindu mangkin | kang murca tan ana rawuh | kakang marma kawula | tilar kulawarga bumi | tan kapanggih malah mèh sangking palastra ||
34. lingira Wasi Curiga | lah mênênga sira yayi | sampun kathah winicara | iku tandhane yèn dasih | ujar para ta yayi | nênggih ujare kang alus | bisa apajar warta | manira baya nglampahi | ujar lêmbut dèn rewangi sambêrona ||
35. karyane tan ana layak | kabèh-kabèh kang wus yêkti | kaluwihane juwata | manungsa gènnya kapanggih | ing tămpa dèn sayêkti | poma aja salang surup | gusti dede kawula | kawula pan dede gusti | sanyatane juwata dede manungsa ||
36. Ki Wasi Curiganata | angling ja mulih Kadhiri | balik sira anusula | ambêdhah nêgarèng Bali | pasthi sira kapanggih | pangajapanira besuk | sok si kalampahana | ambêdhah nêgarèng Bali | ngawulaa ing Klana Jayakusuma ||
37. yèn sira sêtya ngawula | ing Klana Jayadiluwih | pangajapanira tawang | pasthi ing benjang kapanggih | matur saha wotsari | Astrawijaya anuhun | inggih dhatêng sandika | lêbura [lê...]
[Ilustrasi]
--- 50 ---
[...bura] dèn kadi warih | anglampahi dhumatêng karsa panduka ||
38. anging yayi dèn prayitna | sira angawula benjing | ing Klana Jayakusuma | dene wong agung awingit | apik tur kumaripik | wong lêmbut manahe alus | dinuga lêmbah manah | sapa kuwasa mêkasi | akèh ewuh ora kaya wong ngawula ||
39. lamun sira kinasihan | sêdhêng antuk sihing gusti | aja digung adiguna | iku ingkang bêbayani | yèn sira dèn dukani | kasêndhu maring wong agung | aja kurang tarima | apasrahna pati urip | aja mèngèng dèn awas paraning duka ||
40. alaning wong angawula | upami dipun dukani | nuli lunga pêlarasan | iku si wong tuwa[246] budi | nora kandêlna urip | kacirèn maring wong agung | balikan adhêmana | apa karsane wong wêdi | witing guna amarga sangking dêduka ||
41. anging sampun age kesah | sami dhêdharan kariyin | sampun wontên sêsaosan | sêkul lawan ulam asri | nulya sami abukti | wong sakawan dhahar kêpbul[247] | andhèr pawonganira | ingkang sami angladèni | nadyan tapa ki wasi misih wibawa ||
42. sawuse sami adhahar | anulya anuwun pamit | Ki Wasi Curiganata | kalintang dènnya mêmêling | kinèn prayitnèng margi | anusul dhatêng ing Wangsul | tan kandhêk lampahira | êmbane kalih kang ngiring | mandhêk mangu lampahe lir wong kang kasmaran |[248]|
14. Pupuh Sêmaradona gumanti
1. alon lampahe lumaris | Citrèngpati munggèng wuntat | sarwi dèn liga waose | Astrènggati munggèng ngarsa | apan sami prayitna | wus pajrah pinggir dêlanggung | banjaran kang kalintangan ||
2. tinon lir yangyanging tulis | warnane kang sarya sêkar | kasilir samiranane | kongas gandane kusuma | tansah gawe wigêna | sakathah sarya santun |[249] kadya gone atur gănda ||
3. taru mas lan kayu puring | jurudêmung lan katêmba | rosan malam sêsêlane | têbu wulung lan rêjuna | asri yèn tiningalan | andong bang lan andong biru | andong wulung ing pinggiran ||
4. sêkar palasa ing siti | andhap parêng awoh padha | asri warnane yèn tinon | jirak kapundhung rambutan | langsêp manggis pagut pang | pêlêm năngka akêmbang gung | jêram lawan jêruk jingga ||
5. gawok sêntul lan kacipir | langsêp lawan găndariya | kuwèni bawang lan pakèl | jambu wèr[250] jambu dêrsana | kêlampok lan jambu bang | katondhan jambu kaluthuk | wilaja wuni ajajar ||
6. năngka durèn lan kaluwih | bêndha sukun lan kapêdhak | pinggire salak sri tinon [tino...]
--- 51 ---
[...n] | arèn kalawan siwalan | malinjo lan sarangan | anênggih sampun kapungkur | dhepoke Wasi Curiga ||
7. tumurun sangking ing wukir | jurang rèjèng kering kanan | datan kandhêg ing lampahe | tambang-tambang kapiyarsa | syarane pinggir toya | akèh kongkang munya umyung | kang tirta malêbèng parang ||
8. akathah syaraning pêksi | ingkang pêksi amrih măngsa | pan kadi gêrah syarane | asiyak kang tri dawona[251] | angulung kapiyarsa | manyura ngigêl ing pungkur | èstrine kadya aseba ||
9. kapodhang mencak[252] srigadhing | kitiran putêr andringak | kang pêksi akèh warnane | kuthilan[253] lawan ciklaklak[254] | kêtdhasih[255] pêksi jalak | jalak urèn jalak pênyu | pritgantil kalawan manyar ||
10. sidakarèn lan kaliling | bêbidho olung lan bahak | syarane pêksi arame | rakok[256] culan lawan dhengan | bêbêluk asauran | kakang gathot blêkêtupuk | bêkakak wong sauran |[257]|
11. angrantun bondhol gulathik | anêba anèng pagagan | pan ora kandhêk lampahe | kapiyarsa tambang-tambang | kacilung barung sulingan |[258] lor kulon pinggir dêlanggung | gaga ngungak pagêdhangan ||
12. awor jagung katêtinggi | juwawut jali akathah | kacang kapri pinggirane | kêtcipir[259] bênguk lan kara | ing pinggir cabe sabrang | cabe anggris sata jêpun | asri lamun tiningalan ||
13. kêraos tyase kang kari | sangsaya kêrantan-rantan | garwane ketang tangise | anging kusuma Ngurawan | kang kadya tut wuria | lampahe aris tumurun | mangu lêlahe sung brăngta ||
14. kaya wong kêna piranti | paman lurah atèningwang | sun lêlipur tansah ngame | kang kari anèng nêgara | lipura ing asmara | gambuh lawan jurudêmung | katuwone driyaningwang ||
15. tan kandhêk dènnya lumaris | Ki Dêmang Astrawijaya | arsa anusul karsane | ing Kêlana Jayakusuma |[260] dhatêng Nungsakambangan | alon lampahe lumintu | lir pendah Ratu Ngamarta ||
15. Pupuh Durma ingkang gumanti
1. parerenan agêng nanging têbih toya | angayunakên kali | wor winong lan kurda | papan padhang arata | prabatang kayu kusambi | agêng apanjang | mêrantak ponang api ||
2. pangududan tumiyung ori akathah | matur Ki Astrènggati | gusti dawêk ralyan[261] | udut anginum toya | pandugi kawula gusti | wong adêdona | tilase dèn [dè...]
--- 52 ---
[...n] babadi ||
3. alon lèrèn Ki Dêmang Astrawijaya | Ki Lurah Sêtrèngpati | kesah ngambil toya | sayah arsa adusa | kantun Lurah Citrènggati | akalêmpusan | audud wali-wali ||
4. tan adangu anuli wong kathah surak | sami amarêpêki | angêpung lan tumbak | sangking ing kèri kanan | jêjêl ing ngarsa ing wingking | maras ki dêmang | andulu Citrèngpati ||
5. Astrèngpati pan sampun prapta ing ngarsa | banyune kocar-kacir | dènnya ngambil toya | dipun gembol kiwala | kasusu miyarsa bêdhil | toyane ilang | satètès nora kari ||
6. ya ta mèsêm Ki Dêmang Astrawijaya | asru dènira angling | paman dèn prayitna | iki margane pêjah | lah payo sun jak mati |[262] aja sêlaya | sarêng anêmbah kalih ||
7. apan sampun kinêpung kinandhang-kandhang | binêrondong ing bêtdhil[263] | Ki Astrawijaya | eca lênggah kewala | sendhehan kayu kusambi | kang sinatriya | tan pasah dening bêdhil ||
8. asru mojar sira Dêmang Tanpanaha | lan Arya Sawunggaling | lah Astrawijaya | angur sira nututa | lah payo ingsun talèni | bok ingapura | marang sri narapati ||
9. alon mèsêm angadêg Astrawijaya | sumbar dènira angling | payo kêmbulana | iki Astrawijaya | mêngko talènana mami | yèn sirah ingwang | lamun wus golang-galing [golang-...]
[Ilustrasi]
--- 53 ---
[...galing] ||
10. anêrajang Ki Dêmang Astrawijaya | angamuk karo kêris | sinosok ing watang | binendrong ing sênjata | kadi Partasuta wani | wong ing Ngurawan | akathah ingkang mati ||
11. Astrènggati lan Citrèngpati nêrajang | sarêng angamuk kalih | kadi kêbo godrak | sinasok[264] pêrampogan | ginitik kalawan bêdhil | nora tumama | kang kacandhak kèh mati ||
12. kapracondhang wau Tanpanata |[265] Ki Sawunggaling mati | bubar wong Ngurawan | padha arêbut paran | kêlangkung dènira wêdi | maring ki dêmang | dene tan pasah wêsi ||
13. tan atara[266] udan kalawan ampuhan | sakala kali banjir | kayu kapawanan | rungkat sawênèh sêmpal | prahara udan angincih | sangking lor wetan | udan adêrs ngajrihi ||
14. macan warak wijung kidang lan mênjangan | kancil luwak têrnggiling | rase kuwuk landhak | gêgarangan jêlarang | kêrud dajak macan bawi | lan macan kombang | wêrgul lingsang lan kikis ||
15. asu alas tukang nèng kayu angangkang | lutung sênggung lan bajing | egrang uwa-uwa | êndhol lan jala kangpa | lêlawa kalong gumriwis | cêcadhot[267] kumrat | jêlarang bunglon bajing ||
16. kawuk ula kêkadhal lawan mênyawak | becok[268] kadhok[269] parêcil | basu tanu didang | kintêl kalawan kungkang | wêwêkca wiroga kanthil | clurut [clu...]
[Ilustrasi]
--- 54 ---
[...rut] wêragang | dados rewange ugi ||
17. kang tawon gung sêrawungan lawan kombang | kitêng lalêr sarisip | lamuke byung-byungan | marutu kabaratan | kumêbul awor wêwulih | sêmut kêrangrang | awor lan sêmut gêni ||
18. kêmanggane angge-angge lawan cêcak | jangkrik kalawan gangsir | kuwangwung lan ampal | sonthe kinjêng lan jalang | otèng-otèng lawan lêmbing | ênggik-ênggikan | pak pocung angubêngi ||
19. sakèh sato sêktine Wasi Curiga | padha kinon angiring | mring Astrawijaya | sakèhe wong Ngurawan | lumayu aniba tangi | kêna prahara | tumbak bêdhile kari ||
20. pan mêngkana lêngkarane ing carita | antuk wong mindha singgih | atur pêpagujêngan |[270] tan ana mangkanaa | yèn winicara ing budi | inggane dhalang | amolahakên ringgit ||
21. pati angèl pra kăndha yèn durung măngsa | sira dêmang lumaris | dhumatêng bang wetan | akarsa sumusula | kang anèng nêgara Bali | mampir padesan | akathah kang nyuguhi ||
22. pan samarga Ki Dêmang Astrawijaya | kang mulat wêlasasih | akèh angawula | maring Astrawijaya | wong tigang atus angiring | Astrawijaya | bagus anom rêspati ||
1 | jinunjung (dan di tempat lain). (kembali) |
2 | sakadeyane. (kembali) |
3 | kêncana (dan di tempat lain). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: maliyo isi sari gung. (kembali) |
5 | parêkan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
6 | manguntur. (kembali) |
7 | mamêndhapan. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: Patih Jêksanêgara. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: apan uwus binêthara. (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata: kalok kajana priya. (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata: adalêma loring pasar. (kembali) |
12 | Sinjanglaga (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | sumawana (dan di tempat lain). (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: sumawona kang nêgara. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: ngandikan dhatêng sang aji. (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata: radèn tumênggung mêndhapan. (kembali) |
17 | angandika. (kembali) |
18 | wêcana (dan di tempat dan bentukan lain). Kata "wêtcana" dan beberapa kata lainnya, misalnya: bêbêtde [bêbêde], jêpbade [jêbade], kêpbêk [kêbêk], lumêpbu [lumêbu], rapbi [rabi], rêpbo [rêbo], dan wiyatdi [wiyadi], adalah gaya ejaan penulis/penyalin naskah ini. Ejaan kata-kata tersebut mengikuti lafal (penulis) dan bukan kaidah ejaan bahasa Jawa. Untuk selanjutnya, variasi ejaan ini akan ditranskripsi sesuai apa adanya tanpa catatan kaki yang menunjukkan ejaan bahasa Jawa baku. (kembali) |
19 | Lebih satu suku kata: amis bacine prajamu. (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: abêdhaha nêgara Bali benjing. (kembali) |
21 | gêmpur. (kembali) |
22 | karyanira. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: yèn nagri Bali bêdhah. (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: datan arsa lênggana. (kembali) |
25 | abdi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: ginarêbêg wanodya yu. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: amisih nèng sitiluhur. (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata: uwa patih dèrèng mukti. (kembali) |
29 | nurun. (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: sêsinome dèn waoni. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: asêmu rada prihatin. (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata: sawênèh ana ngucap. (kembali) |
33 | Lebih satu suku kata: pawongane naosi. (kembali) |
34 | kaboyong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
35 | asari. (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata: kuda pamaguting prang. (kembali) |
37 | winuwuhan. (kembali) |
38 | Kurang satu suku kata: akêkasih Kêlana Jayakusuma. (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata: pasihane sang aji. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: arêmêka kadi tigan. (kembali) |
41 | ratri. (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata: upama dèn klampahan. (kembali) |
43 | nindhihana. (kembali) |
44 | malêbêt. (kembali) |
45 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
46 | Lebih satu suku kata: ajrih bêdhah nêgara. (kembali) |
47 | Bintaro (dan di tempat lain). (kembali) |
48 | antuk. (kembali) |
49 | banjutên. (kembali) |
50 | arêronce. (kembali) |
51 | siningkang-singkang. (kembali) |
52 | banjutên. (kembali) |
53 | inyane (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
54 | amuwun. (kembali) |
55 | tatrapaning. (kembali) |
56 | Lebih satu suku kata: dèn bisa baurêksa. (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata: lamun duka wong lanang lir warasêna. (kembali) |
58 | tinimbangan. (kembali) |
59 | pinondhong. (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata: kula uning yèn dede wong Jawi. (kembali) |
61 | malocot. (kembali) |
62 | Lebih satu suku kata: ya ta kasaru ni inya prapti. (kembali) |
63 | Kurang satu suku kata: êmban sangking jêro. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: Astramiruda putus angêne. (kembali) |
65 | pagene. (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata: lêbur atumpur alane bae. (kembali) |
67 | goroh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
68 | Kurang satu suku kata: dadiya wong agung. (kembali) |
69 | aglis. (kembali) |
70 | adandan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
71 | tinaturêngga. (kembali) |
72 | Kurang satu suku kata: ing jro tingal wong ayu aja sêlaya. (kembali) |
73 | Kurang satu suku kata: tansah amaos rêrêpi. (kembali) |
74 | Lebih satu suku kata: ing Jêng Pangeran Dipati. (kembali) |
75 | kantun. (kembali) |
76 | Lebih satu suku kata: ana karya rêrahap. (kembali) |
77 | sêkti (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
78 | Lebih satu suku kata: utamane wong ngwula. (kembali) |
79 | Halaman 15 sampai dengan 16 tidak ada. (kembali) |
80 | Kurang tujuh gatra: ke-3 (8a), ke-4 (8i), ke-5 (7i), ke-6 (8u), ke-7 (7a), ke-8 (8i), dan ke-9 (12a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
81 | Kurang tujuh suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
82 | Kurang dua gatra: ke-1 (8a) dan ke-2 (8i). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
83 | Nomor urut bait ini dan seterusnya mestinya salah, karena pupuh ini ada yang hilang 2 halaman. (kembali) |
84 | Kurang satu suku kata: nanging ingsun kalampahan. (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata: dhuwung landheyan cula sinêmi. (kembali) |
86 | menco. (kembali) |
87 | bokor (dan di tempat lain). (kembali) |
88 | pandam. (kembali) |
89 | ambondhèti. (kembali) |
90 | runtike. (kembali) |
91 | botên (dan di tempat lain). (kembali) |
92 | mambu. (kembali) |
93 | undang. (kembali) |
94 | Kurang satu suku kata: angandika sang aguru putri. (kembali) |
95 | Kurang satu suku kata: angandika sang aguru putri. (kembali) |
96 | atinjo. (kembali) |
97 | Kurung satu suku kata: arsa angluruk maring ing Bali. (kembali) |
98 | bobok. (kembali) |
99 | kolu (dan di tempat lain). (kembali) |
100 | saliring. (kembali) |
101 | ratri. (kembali) |
102 | sarta. (kembali) |
103 | panganggone. (kembali) |
104 | Kurang satu suku kata: caosêna sarta panganggone. (kembali) |
105 | anyolong. (kembali) |
106 | Kurang dua suku kata: akèh-akèh kang ingsun lampahi. (kembali) |
107 | Kurang satu suku kata: kang agêng lir gunung. (kembali) |
108 | kalorot. (kembali) |
109 | singgih. (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata: gunung ing Kalisara. (kembali) |
111 | antèni. (kembali) |
112 | kori. (kembali) |
113 | Lebih satu suku kata: nging nora kaya pêdhaka. (kembali) |
114 | Kurang satu suku kata: kang lanang ingsun kuciri. (kembali) |
115 | Kurang satu suku kata: kangbok rênane kêpati. (kembali) |
116 | oto. (kembali) |
117 | mantuna. (kembali) |
118 | konca. (kembali) |
119 | Lebih satu suku kata: Dêmang Sastrawijaya. (kembali) |
120 | srênggara. (kembali) |
121 | Lebih satu suku kata: ana sinjang supit urang. (kembali) |
122 | iki. (kembali) |
123 | Kurang dua suku kata: yèn dika sampun aguling. (kembali) |
124 | pangkyan. (kembali) |
125 | jro. (kembali) |
126 | Kurang satu suku kata: sapolahe wèh edan. (kembali) |
127 | pambayun. (kembali) |
128 | Kurang satu suku kata: wong bagus baranyak bae. (kembali) |
129 | padhêkan. (kembali) |
130 | Kurang satu suku kata: lakiku tobat-tobata. (kembali) |
131 | lakèningwang. (kembali) |
132 | ingsun. (kembali) |
133 | agablok. (kembali) |
134 | mèndêla. (kembali) |
135 | pinriyêmbada. (kembali) |
136 | anendra. (kembali) |
137 | pandam. (kembali) |
138 | dalu. (kembali) |
139 | gumanti. (kembali) |
140 | binondhèt. (kembali) |
141 | sinambut. (kembali) |
142 | Lebih satu suku kata: arèningsun sira wong yu kuning. (kembali) |
143 | kinidungan. (kembali) |
144 | Kurang satu suku kata: kinidungan ing asmara purwajati. (kembali) |
145 | andhap. (kembali) |
146 | bêbèkêlan. (kembali) |
147 | Kurang satu suku kata: Kyai Undhakan Astramiruda. (kembali) |
148 | Kurang dua suku kata: kaya-kaya kapanggiha. (kembali) |
149 | Kurang satu suku kata: munggèng jro patamanan. (kembali) |
150 | ingkang. (kembali) |
151 | andon. (kembali) |
152 | antupan. (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata: kathah warnane puspita sari. (kembali) |
154 | Kurang dua suku kata: wus wantune ingkang kalangênan. (kembali) |
155 | asrêp. (kembali) |
156 | angganya. (kembali) |
157 | wana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
158 | Lebih satu suku kata: sata wona anjêrit kadi wong mênging. (kembali) |
159 | Kurang satu suku kata: apan sawetane pasareyan. (kembali) |
160 | Kurang satu suku kata: wau Nyai Gêdhe ing Ngasrama. (kembali) |
161 | Lebih satu suku kata: ganjarane mringsun. (kembali) |
162 | anahên. (kembali) |
163 | tanbuh. (kembali) |
164 | Lebih satu suku kata: nênggih wau sang guru putri. (kembali) |
165 | Lebih satu suku kata: marmi saya kagugu. (kembali) |
166 | obor (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
167 | Kurang satu suku kata: sawênèh asikêp tamsir. (kembali) |
168 | parampogan. (kembali) |
169 | Kurang satu suku kata: lawang êlor Ki Ngabèi Wirajamba. (kembali) |
170 | binendrong. (kembali) |
171 | Kurang satu gatra: gatra ke-4 (7a). (kembali) |
172 | towok (dan di tempat lain). (kembali) |
173 | andhêmping. (kembali) |
174 | dèn. (kembali) |
175 | Kurang satu suku kata: dèn alokakên maling. (kembali) |
176 | ginorok. (kembali) |
177 | Kurang satu suku kata: gumuyu amaringis. (kembali) |
178 | iya. (kembali) |
179 | Lebih satu suku kata: obor kadi rina. (kembali) |
180 | Lebih satu suku kata: salokane wong ala kawan prakara. (kembali) |
181 | srênggala (dan di tempat lain). (kembali) |
182 | Lebih satu suku kata: srênggala pinaputra. (kembali) |
183 | sakêdhik. (kembali) |
184 | Kurang satu suku kata: pan têmuju anendra. (kembali) |
185 | adrês (dan di tempat lain). (kembali) |
186 | Lebih satu suku kata: Sastramiruda kawarna malih. (kembali) |
187 | Kurang satu suku kata: nanging datan wontên kang udani. (kembali) |
188 | ana (dan di tempat lain). (kembali) |
189 | binuntêlan. (kembali) |
190 | Kurang satu suku kata: kiyai tumênggung. (kembali) |
191 | nindhihi. (kembali) |
192 | binarocoh. (kembali) |
193 | Kurang satu suku kata: Kyai Arya Wijatmaka singgih. (kembali) |
194 | Lebih satu suku kata: sang dipati angandika aris. (kembali) |
195 | Kurang satu suku kata: akramaa lan satriya anggèr. (kembali) |
196 | Lebih satu suku kata: kusuma cèthi bêkti ing laki. (kembali) |
197 | Kurang satu suku kata: ginarêbêk dening padhêkane. (kembali) |
198 | Kurang satu suku kata: lêlancang mas lawan sawunggaling. (kembali) |
199 | Kurang satu suku kata: asmu duka sang aprabu. (kembali) |
200 | netya. (kembali) |
201 | Lebih satu suku kata: kala malêbu kadhatun. (kembali) |
202 | Kurang satu suku kata: kyana patih munggèng ngayun. (kembali) |
203 | Kurang satu suku kata: Răngga Supatra angrawit. (kembali) |
204 | Kurang satu suku kata: dhatêng ingkang Putri Cêmara aris. (kembali) |
205 | Lebih satu suku kata: kalintang trimaningwang. (kembali) |
206 | sowane. (kembali) |
207 | Lebih satu suku kata: dèn kalakon bêdhah nêgara Bali. (kembali) |
208 | Lebih satu suku kata: dyan lumampah ingiring pra dipati. (kembali) |
209 | lali. (kembali) |
210 | Asmara. (kembali) |
211 | busana. (kembali) |
212 | sambêrlilène. (kembali) |
213 | kidang. (kembali) |
214 | mênggêp. (kembali) |
215 | pinayungan. (kembali) |
216 | tontonan (dan di tempat lain). (kembali) |
217 | Lebih satu suku kata: Klana Jayakusuma. (kembali) |
218 | ika. (kembali) |
219 | Lebih satu suku kata: nadyan silih kusuma di kang rayi. (kembali) |
220 | yèn. (kembali) |
221 | Kurang satu suku kata: yèn ora têrsna wong lanang. (kembali) |
222 | nganti. (kembali) |
223 | mendah. (kembali) |
224 | kobêr. (kembali) |
225 | sinosog (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
226 | Lebih satu suku kata: dèrèng kongsi punapa. (kembali) |
227 | andhêmi (dan di tempat lain). (kembali) |
228 | maèsana. (kembali) |
229 | golong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
230 | Kurang satu suku kata: samangke kiyai patih. (kembali) |
231 | Lebih satu suku kata: ki dêmang sambat mati. (kembali) |
232 | Lebih satu suku kata: batur kănca ki dêmang wus nandhang brana. (kembali) |
233 | Lebih satu suku kata: sadaya derah pati. (kembali) |
234 | wêdana. (kembali) |
235 | dimène. (kembali) |
236 | Kurang satu suku kata: inya wau atut wingking. (kembali) |
237 | Kurang dua gatra: ke-3 (8a) dan ke-4 (8i). (kembali) |
238 | mukti. (kembali) |
239 | lêlabêtane. (kembali) |
240 | Kurang satu suku kata: akurah waja alinggih. (kembali) |
241 | Lebih satu suku kata: anusul marang sira. (kembali) |
242 | Lebih satu suku kata: sampun sawiyah wong gunung. (kembali) |
243 | atêtinjo. (kembali) |
244 | Lebih satu suku kata: priyayine Jênggala. (kembali) |
245 | Lebih satu suku kata: kadya jinêmpana ngangin. (kembali) |
246 | tuna. (kembali) |
247 | kêmbul. (kembali) |
248 | Lebih satu suku kata: mandhêk mangu lampahe lir wong kasmaran. (kembali) |
249 | Kurang satu suku kata: sakathahe sarya santun. (kembali) |
250 | hèr. (kembali) |
251 | bawona. (kembali) |
252 | mencok. (kembali) |
253 | kuthilang. (kembali) |
254 | cikaklak. (kembali) |
255 | kêdhasih. (kembali) |
256 | rangkok. (kembali) |
257 | Kurang satu suku kata: bêkakak wong sêsauran. (kembali) |
258 | Lebih satu suku kata: cilung barung sulingan. (kembali) |
259 | kêcipir. (kembali) |
260 | Lebih satu suku kata: ing Klana Jayakusuma. (kembali) |
261 | raryan. (kembali) |
262 | Kurang satu suku kata: lah payo sun ajak mati. (kembali) |
263 | bêdhil. (kembali) |
264 | sinosok. (kembali) |
265 | Kurang dua suku kata: kapracondhang wau DêmangTanpanata. (kembali) |
266 | antara. (kembali) |
267 | cêcodhot. (kembali) |
268 | bencok. (kembali) |
269 | kodhok. (kembali) |
270 | Lebih satu suku kata: atur pagujêngan. (kembali) |