Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27)
1. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 28–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 41–51). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 52–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- 54 [lanjutan] ---
16. Pupuh Roni[1] Kamal ingkang gumanti
1. sigêgên sira ki dêmang | anusul marang ing Bali | lampahe amurang marga | kêlangkung dene
[Ilustrasi]
--- 55 ---
prihatin | kang winurcitèng malih | anênggih radèn tumênggung | prajurite Ngurawan | kinăndha pakuning bumi | akêkasih Kêlana Jayakusuma ||
2. wus munggèng sêgara rupak | lampahe ingkang prajurit | kewuhan dènira nyabrang | abaris anèng kêkisik | sagung para bopati | tan pêgat tinantun-tantun | cacahe kang gêgaman | sawêrnine waos bêdhil | nora kathah wantawis amung salêksa ||
3. sakèhe wong dagang layar | apan wus miyarsa warti | maring prajurit Ngurawan | kang ngêlurug maring Bali | kêkasihe prajurit | awasta Radèn Tumênggung | Klana Jayakusuma | gêgêr barising pasisir | arsa nabrang kèmêngan tan antuk palwa ||
4. gêntia kang pinurcita[2] | anênggih nêgarèng Bali | Prabu Anjayalêngkara | nalendra tanpa tumandhing | nadyan akèha singgih | kang jumênêng rajèng Wangsul | ingkang ing kina-kina | datan ana kadya mangkin | ratu luwih Prabu Jayalêngkara |[3]|
5. eca manahe kang wadya | karta-karti kang nêgari | murah sandhang murah pangan | eca manahe wong cilik | sangking loba ing nêrpati |[4] tulus kang sarya tinandur | tan ana wong durjana | sakathahe kêbo sapi | tanpa kandhang agêlar anèng pangonan ||
6. cacahing wong sanêgara | kathahing wong sangang kêtthi[5] | ingkang somahan kewala | dhudha pra jaka kêjawi | ing desa têpis wiring | paminggir lawan wong gunung | apan [a...]
[Ilustrasi]
--- 56 ---
[...pan] datan kawilang | tandhane nalendra luwih | tanpa sama Prabu Anjayalêngkara ||
7. sakathahe parangmuka | sami têluk atur putri | ing Prabu Jayalêngkara | tan ana wani madhani | sakèhe kang nêgari | upêktinira lumintu | ing Cangcangan aseba | atur putri dadi rabi | ing Lumajang putrine sampun kagarwa ||
8. Nêrpati Ki Băndayuda | sami têluk atur putri | putrine ingakên garwa | Nêrpati Purwăngga nangkil | angaturakên putri | maring sang prabu ing Wangsul | inggih ingangkah garwa | Nêrpati Pranggunan nangkil | atur putri pan wus ingakên garwa |[6]|
9. ing Sandikoripan seba | putrine sampun karabi | ing Prabu Jayalêngkara | Nêrpati Sandiwaringin | anyar dènira nangkil | ngaturakên putri ayu | apan sampun kagarwa | dhatêng nalendra ing Bali | garwanira sadaya lêpbak[7] sapaa ||
10. cinatur lagya sineba | Prabu Anglêngkarèng Bali | pêpêk apdine ngamănca | sadaya para nêrpati | arya lan tăndhamohi | satriya para tumênggung | răngga lan pandêlêgan | Jayèngkewuh nglanglang pasir | ulubalang panggêdhe lawan panglima ||
11. Ki Gêdhe Ngranu aseba | Gêdhe Sudimara nangkil | lan Ki Gêdhe Tunggu seba | lawan Gêdhe Wonakitri | Ki Gêdhe Gati nangkil | lawan Ki Gêdhe Talsèwu | Gêdhe Sapigumarang | sadaya sami anangkil | sumawona kang para mantri panglima ||
12. Ki Tumênggung Kartabăngsa | Ki Ngabèi Pulanggêtih | Ki Ariya Nglanglangyuda | lan Ngabèi Karungkêris | Ki Răngga Jayènglatri | Angabèi Agrabanu | Tumênggung Wanèngbaya | lan Ki Dêmang Waningisin | mantri andêl Ki Tumênggung Karungkasla[8] ||
13. Ki Adipati Liyangan | wus dangu dènira nangkil | Ki Patih Jayaasmara | ingangkah sudara wèdi | langkung sihe nêrpati | sakarsane dipun ugung | apan sinung wêwênang | amungu sang prabu guling | tan kasiku sêsiwo lan para garwa ||
14. apan nora nana lanang | anênggih nêgara Bali | tan liyan Jayaasmara | dadi kondhange pawèstri | tate bêdhah nêgari | kèh nêgara alot têluk | yèn sampun nitih kuda | jêmparing kinarya siring | bêdhil mèsêm tinumbak malah ngujiwat ||
15. nora pati yèn gêdhea | pan nora patia inggil | Kya Patih Jayaasmara | kawatang lamun dêdêling | apan lir bêngle keris | wêdona sawang sutèngsu | nentra[9] pandam kanginan | rema panjang têkuk sisir | yèn ingore tiba wangkong andhan-andhan ||
16. kampuhira jingga măngsa | asabuk pathola wilis | sêngkang bapang [ba...]
--- 57 ---
[...pang] sinamiran | asumping êmas rinujit | jamang sinilih asih | warnane anom abagus | akris tinaturăngga[10] | ukir cula sinêmi |[11] awêrăngka cêndhana pêndhok kêncona ||
17. sakathahe mantri seba | padha brăngta aningali | ing Patih Jayaasmara | dene baguse angênting | ana malih pêpatih | kang minăngka sisihipun | ingkang pinaman-paman | maring Sri Bopati Bali | akêkasih Apatih Jayasasmita ||
18. Ki Menak Cau aseba | iku pêpatih ing Bali | angrèh ing mantri panglima | kinasihan ing nêrpati | alinggih malangkêrik | sarwi jêjegang puniku | warnanira cinăndra | wêtêng wêlêr pundhak kêpis | iga arang irung mungal janggut nyênthang ||
19. anging kapanggih ing manah | rada-rada jujur manis | pêpundhutane andina | takêr turun banyu mili | anging pajêge awis | narik ping walu sêtaun | pêthèkipun mêjana | sawulan narik ping kalih | desa rusak mantri panglima gêrsula ||
20. yèn bature darbe karya | anyambêlèh kêbo sapi | jalu[12] panglinggih pangrujag | yèn lagi gamêlan muni | nuli jaluk palinggih | awasta yatra pacêngkung | yèn sampun amêmajang | mundhut pajêg panguriyip | yèn kondangan ukume kadi wong jarah ||
21. yèn kala lêkas nyunumbang[13] | dudu reyal dudu picis | apan dudu sêsandhangan | dudu bèbèk kêbo sapi | sêsumbange ki patih | amung munthu lawan irus | prandene lamun seba | dèn ocèh dening priyayi | sabên enjing amundhut sambêl lan punar ||
22. sakèhe wong darbe karya | yèn nora atur upêksi | apan dhêndhane akathah | ingaran pambuntêl kuping | lamun atur upêksi | pinudhut[14] tanpa lêlungguh | aran panyagok[15] kêrna | panêdhane wong ing Bali | padha kaul yèn Menak Cau modara ||
23. nora bisa angêrenah | amung adile ki patih | maring wong desane ika | reyal pakêlanthang singgih | lan patêlèrèt malih | lawan ardona pambuntut | pacêngèk pan gurembyang | pacêthut pambungkul malih | pan carêmêt lawan malih pan kuresak ||
24. têgêse pacêthut ika | durung panèn mundhut êmping | têgêse pabungkul[16] ika | panèn kapas dèn pundhuti | pan karesak puniki | sakèhe pala gumantung | kang tuwa ingundhuhan | katur Ki Cao[17] sapalih | pan kêlanthang ala nganggur jaluk uwang ||
25. têgêse pambuntut ika | wong angingu kêbo sapi | apan pinundhutan wadal | têgêse pacêngèk malih | ing wong darbe bêbayi | atur pajêg panjang
--- 58 ---
umur | pan sarêmêt[18] punika | sakèh wisma dèn lêbêti | kudhi pacul kapanggih pundhut kewala ||
26. Ki Patih Cau punika | dene anggêripun malih | wadal pan calumik ika | lawan pajêg pamuringis | ingkang amêlarati | ingaran dhêndha panjêntung | lan wadal parêngutan | têgêse iya wong ngising | yèn angêtdên[19] marêngut kêna ing dhêndha ||
27. têgêse panjêntung ika | wong mênêng dèn dhêndha picis | wong gumuyu kêna dhêndha | iku dhêndha pamuringis | lan wadal pan calumik | wong ingundang cacêlathu | prandene kêna dhêndha | lawan wadal pan kajuwit | wong kumêdhèp pajêge kinira-kira ||
28. kang kajaba ing parentah | adile Ki Cau malih | dhêndha panggêdhêk punika | pan cêlèrèt lan paputih | panggêndhêg[20] têgêsnèki | dhêndhane ing wong jêjamu | pan cêlèrèt punika | ngangge pêndhok kêna picis | pêndhok putih kêna wadal tigang sêka ||
29. sirike bisa busana | Ki Cau patih ing Bali | acêlana asêruwal | kathok oto datan kari | abêbêt bari nyamping | nuli bêbasahan kampuh | bêbênting sêsabukan | wêdhak pupur akulambi | atêlakup ikêt-ikêt kêkopyahan ||
30. Ki Menak Agung aseba | iku pêpatih ing Bali | angrèh sakèh mantri kiwa | panggêdhe lawan prajurit | apan sadaya
[Ilustrasi]
--- 59[21] ---
[...] |[22] [...] | [...] | [...] | [...] ||[23]
--- 63 ---
17. Pangkur[24]
1. [...] | [...] | [...] | anuli tinampanan | ali-ali tinampan sampun ingêmut | Ki Cau kalintang bungah | Ki Agung dèn iwi-iwi ||[25]
2. wêcana apait kilang | angandika Prabu Anglêngkara Bali |[26] alah mara Bapa Agung | apajara saloka | kaya ngapa utamane ratu iku | lawan madyane nalendra | miwah nisthane nêrpati ||
3. Menak Agung awot sêmbah | dhuh dewaku pukulun panduka ji | borong punapa pukulun | ingkang mindha juwata | kados sampun kauningan sang aprabu | gawok yèn batên matura | mênawi supe dewaji ||
4. kocap ing nêgara krama | salokane utamane nêrpati | kawan prakara pukulun | api lawan raditya | lawan malih sagara kalawan gunung | punika lire saloka | kocap ing nêgari krami ||
5. saengga kadya sêgara | sapunika sêmonipun nêrpati | aranane sêgara tinut |[27] ajêro tur awiyar | sapa sintên sanggup jajagi pukulun | miwah jêmbare sêgara | sapa sanggup anglangèni ||
6. awon pênêt dhatêng kawrat | karya sêmu tan kadugèng wong cilik | wingiting ratu pukulun | saengga lir aldaka | upamane gusti Gunung Mahamèru | dinulu sangking têbihan | agung asamar tur ainggil |[28]|
7. sintên sanggup ngidêrona | dene samar lawan malihe
[Ilustrasi]
--- 64 ---
inggil | nênggih kèringane ratu | dipun kadi raditya | dipun kala tênganging kalane bêdhuk | sakèhe ingkang tumênga | ajrih apuwara tangis ||
8. têgêse ingkang pawaka | kadya gêni apanas agêsêngi | punika sêpdane ratu | dipun kadi punika | yèn wus dhawuh kadi punika pukulun | kêni dipun utap[29] bala | atanapi wadya mantri ||
9. dhuh gusti dewa kawula | sêgara agung wontên sanggup jajagi |[30] nadyan Gunung Mahamèru | wontên kuwasa minggah | ingkang ewuh dinuga galihe ratu | dene prasasat juwata | sapangandikane mandi ||
10. prandene kêna dinuga | galihipun ratu panduka aji | inggih jalma kang wus luhung | kang wruh sêmu nalendra | lan malih waspada wingiting ratu |[31] nadyan padha ngawulaa | wong lêmbut layak pinilih ||
11. nênggih mêdyana nalendra | panduka ji kawan prakawis malih | wraksa gurda kang rumuhun | kalawan tarulata | punang wraksa têgêse gurda pukulun | punika jênênge raja | dèn kados kajêng waringin ||
12. dene dadya pangaupban[32] | ambêkipun nalendra kadi warih | kalih prakara liripun | adil lan palamarta | yèn ngadili dèn kadi banjir ing ranu | yèn akarya palamarta | dèn kadi wêninge bèji ||
13. ingkang yogya ingadilan | ing saloka gusti kawan prakawis | kapisan wong ngrusak dhusun | kaping kalih patikbra | wong anyidra maring kêkasihing ratu | ping tiga wong utang pêjah | kalawan wong malik bumi ||
14. têgêse lata patikbra | kadi oyot mantêp ing ratu gusti | wantune oyot pukulun | yèn sampun angayangan | samubarang binêpbêt[33] apan akukuh | sawindu măngsa ucula | malah kongsi pêcat mati ||
15. têgêse taru punika | kadyang[34] patra andikane nêrpati | kaliyang upaminipun | kang sampun tibèng lêmah | yêkti mohal[35] balia ing uwitipun | mêkatên sêpda nalendra | inggih sampun wali-wali ||
16. yèn wontên aturing wadya | sumaruna ing kanan lawan kèri | pinêrm wardaya rumuhun | sampun dhawuh ing sapda | pan mênawi dewaji têmah kaduwung | dados amidhoni[36] karya | camah sêpdane nêrpati ||
17. yèn manggih ewuhing praja | kang prayoga santona kang tinari | wuse santana tinantun | anaria punggawa-punggawa |[37] ingkang yogya amêkasi ing piyangkuh | yèn sampun panduka timbang | dhawuhna adil narpati ||
18. nisthane ratu patikbra | kapanggihan gusti kawan prakawis | kathahe
--- 65 ---
ingkang karuhun | kaping kalih parusa | kaping tiga nênggih tiwase pukulun | kaping sakawane arda | murka kaping lima malih ||
19. têgêse ratu karèha | wadyabala lagya ungsum sêsabin | lan tinarik pajêgipun | pinanggutakên aprang | yêkti marot kang wadya nolih ing pungkur | atêmah kasor ing yuda | dadya nisthane nêrpati ||
20. têgêse ratu parusa | wadyabala adarbe rabi luwih | mangkana têmah pinundhut | tan lawan lilanira | yêkti sêrik tiwas ingadu prang cucuh | yèn têrsna saya karantan | akathah punggawa balik ||
21. têgêse ratu wisesa | wadyabala adarbe tumbak kêris | têtilare kang lêluhur | bakal ginawa aprang | dadya suda puwaranira ing kewuh | atêmah atine gêla | tiwas ingabên ing jurit ||
22. têgêse nalendra murka | wadya bênêr pan amrih pinrih ing sisip |[38] dhinêndha ing arta agung | anak putu jinarah | yêkti nistha puwara ngrusakkên dhusun | yèn tamian parangmuka | sayêkti ingabên ajrih ||
23. têgêse nalendra arda | wadyabala panduka rêbut bumi | apa karane cinakup | pinrih saramanira | atêmahan angrusak prajaning dhusun | wong cilik apêpêrangan | nistha adile nêrpati ||
24. pun Agung anuhun duka | sagêt matur tan sagêt anglampahi | măngsa boronga sang prabu | sagêt matur kewala | yêkti awon yèn pun Agung batên matur | kêrantên atur kawula | mênawi supe dewaji ||
25. mèsêm Prabu Anglêngkara | Bapa Agung langkung tarima mami | anging ta panêdhaningsun | ing dewa wana[39] songa | kinuwatna ingsun aja manah dudu | agunge wong jaman kina | sira ingsun awêlasi ||
26. lagi eca siniwaka | pan kasaru opyake kang anangkil | Ki Dêmang Pabeyan rawuh | amiyak mantri seba | pinariksa maring Ki Apatih Cau | ri sampune pinariksa | Ki Cau matur nêrpati ||
27. pukulun anuhun duka | wontên mêngsah sampun ngancik pasisir | nênggih nêgarining mungsuh | awasta ing Ngurawan | prajurite awasta Radèn Tumênggung | Klana Jayakusuma |[40] kang arsa bêdhah ing Bali ||
28. anging ta dèrèng anabrang | marmanipun ki dêmang atur pêksi | wiyose anêdha bantu | kang rumêksèng baita | bokmênawa mêngsah angêrbut prau |[41] wêntawis sikêp salêksa | gunge mêngsah ingkang prapti ||
29. Prabu Anglêngkara mujar | dingarène Bali dipun lurugi | yèn mangkono Bapa Agung | amataha [amatah...]
--- 66 ---
[...a] punggawa | ingkang layak angêrsa tampingan ingsun | sampun dènira ngandika | jêngkar malêbèng jro puri ||
30. sang nata manjing ing pura | Menak Agung mijil sangking sitinggil | akalihan Menak Cau | lan Dipati Liyangan | Ki Apatih Jayasasmita tan kantun | sapraptane pagêlaran | pinatah kang lunga jurit ||
31. ki gêdhe ing Sudimara | lawan malih Ki Gêdhe Wonakitri | lawan Ki Gêdhe Talsèwu | Gêdhe Sapigumarang | sakathahe para gêdhe kang tinuduh | sami atêngga tampingan | sakapraboning ajurit ||
32. kocapa sang analendra | wau sira sampun prapta jro puri | kèndêl paregolan sampun | aningali gapura | lan malihe gupala angapit pintu | pan sami angagêm gada | parunggu sari kinardi ||
33. rambute kawat kinarya | ilatipun wau têmbaga abrit | mutyaara untunipun | pan cinêkêlan gada | sêmunira kaya gadaa wo[42] langkung | lamun kasungan raditya | mangah-mangah angajrihi ||
34. anêmbe ingkang gapura | apan kaca bênggala kang kinardi | yèn ana bêdhaya langkung | kang owah paèsira | pan ing ngriku gone maoni cêcênthung | anênggih kang sinaosan | wong ayu anom birai ||
18. Pupuh Sinom ingkang gumanti
[Ilustrasi]
--- 67 ---
1. dangu kandhêg paregolan | Prabu Anglêngkara Bali | amicarèng jroning nala | nêgaraningsun ing Bali | gêmah têmên kapati | akèh isine dyah ayu | mendahane ing benjang | bêdhaha nêgara Bali | ya ta mênggah kêraos kang pêngajapan ||
2. salêbêting ing kadhatyan | apan amawi botrawi | kèdêran ing têtamanan | yèn tinon asri angrawit | wiyar toyanya wêning | padusane para arum | kêrantêne yèn enjang | iline toya akuning | yèn kanginan toya gandane angambar ||
3. kalanira pêndhak enjang | padha siram para putri | ingkang nganggo gănda wida | kalulun katute warih | wilêtan padha mili | sangking kèhe para arum | sakèhe wong ing jaba | padha angadhang sêsuri | sambên[43] enjang padha anggawa bêrsihan ||
4. awilis ilining toya | warnane toya awêning | kang pidih katut ing toya | sangking kèhe para manis | yèn wus asiram sami | apan padha kirap gêlung | yèn tumiba ing toya | asarah gambir mêlathi | ing sêsuri kabunton kalak kênonga ||
5. kocapa kang para garwa | sakathahe para putri | putri sangking Băndayuda | awêsta Andayarêsmi | ayu tur pramèng kawi | asêngkang bapang mangungkung | sinjang cindhe jêlamprang | sasolahe mêsajani | sasêmone layak canggèh pagulingan ||
[Ilustrasi]
--- 68 ---
6. putri sangking ing Lumajang | aran Dèwi Rekarêsmi | dêdêgira srada andhap | ulate galak amanis | rema èsmu barintik | arja sêngkang banciluhur | sinjang cindhe cêpaka | asamir mêndhalagiri | sêsêmone layak bonyo pagulingan ||
7. putri sangking Cangcangan |[44] awasta Supatmasari | ulate mandam kanginan | èsmu pangus lamun angling | rada ajungkar angin | mênggah asinjang pêpêlung | pêsaja tan mawi sêngkang |[45] rema bêg gambir mêlathi | sasêmone layak rongèh pagulingan ||
8. putri sangking Bêlambangan | aran Dèwi Dayarêsmi | èsmu kaku ing tênaga | sinjang lurik ragi Bali | samir mêndhalagiri | arja sêngkang banciluhur | dêdêg èsmu pidêgsa | kaduk ngasok yèn lumaris | sêsêmone layak gêlap pagulingan ||
9. putri sangking Sandipura | aran Dèwi Rênggarêsmi | widigya ing pasang cipta | sarira irêng awilis | ulat pandam kasilir | tabêri olah cêcênthung | sêngkang jabung payudan | asinjang limar giyanti | sêsêmone layak dimêr pagulingan ||
10. putri sangking ing Purwăngga | Dèwi Citrasmara singgih | bêsusipun angayangan | têbêri olah wêwangi | asêngkang ganggong rêspati |[46] dhangah-dhangah yèn lumaku | sinjang cindhe jêlamprang | awasis saliring kardi | lêlewane layak rongèh pagulingan ||
11. putri sangking ing Lobawang | aran Dèwi Rêtnarêsmi | ayune tanpa tandhinga | sapolahe amlasasih | asinjang turuntangis | mênggah akêmbên pêpêlung | asêngkang natabrăngta | rema bêg gambir mêlathi | wêtarane layak cangkêt pagulingan ||
12. putri ing Sandikoripan | aran Dèwi Rasarêsmi | ayunira nora pira | sirik rada marêk ati | dêdêge èsmu lêncir | yèn micara rada gathul | asinjang supiturang | rema kêbêg sêkar gambir | wêtarane gandêrs[47] luwês ing papêrman ||
13. akèh garwane sang nata | tan ana dèn cêngkramani | jêjamaha nora ketang | sêlir tan ana kawilis | sakèhe para putri | padha mular siyang dalu | marmane padha mular | nora kasambadan ing sih | sakèh garwa tan ana kang sacubana[48] ||
14. sagunge kang para garwa | sadaya kasukan cuki | ana ugêm bêbêncetan | padha toh uwang lan picis | wênèh reyal lan dhuwit | tohe ingkang para arum | lingsèn sami kasukan | adhèr[49] ingkang para sêlir | sumawona para babu lawan inya ||
15. mojar putri Băndayuda | sakathahe kănca mami | garwanira sri nalendra | sadaya sun têtakèni | padha wêcaa sami | aja na ngumpêt cêlathu | padha wêlèh kewala | aja na wong wirang isin | awêcaa aja na rasa-rumăngsa ||
16. sapa kang wus cinangkraman [cinangkrama...]
--- 69 ---
[...n] | maring sang prabu ing Bali | lah yayi Dèwi Lumajang | pantêse wus awor liring | putri Lumajang angling | amangkara kados ingsun | Prabu Jayalêngkara | kaningayane kêpati | layan dika kadi sampun sak punika ||
17. mujar putri Băndayuda | pantêse wus tunggal kapti | yayi dèwi ing Cacangan[50] | kalawan sang rajèng Bali | putri Cangcangan angling | kamang kados radèn ayu | apindha yèn mangkana | mendah raose kang ati | asikara Prabu Anjayalêngkara ||
18. bokayu ing Bêlambangan | layak wus dèn cangkramani | mujar putri Bêlambangan | kamang kados awak mami | kadhawuhana ing sih | pandugi kula mas ayu | ingkang awor ing tingal | angladosi siyang latri | sakarêsmèn lan Prabu Jayalêngkara ||
19. baya yayi Pajarakan | sampun sinêmbramèng liring | ing Prabu Jayalêngkara | putri Pajarakan angling | baya têrang kang langit | sêgara sat gunung guntur | yèn kongsi kacangkraman | sasat agring olih jampi | angkuh bae Kya Prabu Jayalêngkara ||
20. pantês bokayu Pranggunan | wus olih sihe nêrpati | Prabu Anjayalêngkara | putri Pranggunan nauri | lah inggih kala wingi | alêrês giliran ingsun | amarêk munggèng dagan | gănda kawula mrik wangi | sasat syarga dene sêmana kewala ||
21. mujar putri ing Purwăngga | duk kala giliran mami | kalintang ingsun prayitna | kapurancang sun bêciki | miwah rakite biting | anjagani ing pakewuh | sadalu amawongan | lêga rasane kang ati | awak ingsun dèn rencangona ngandika ||
22. mujar putri Sidapêksa | nora kèku awak mami | mapan dhingin sri nalendra | angidêri ing botrawi | ingsun têmah asinggih | apan maca layang kidung | têmbange palugăngsa | syaraningsun jêmplang-jêmpling | sasat asih yèn ingsun dèn dukanana ||
23. mèsêm putri Băndayuda | inggih mênawa-mênawi | kang adoh lamun kèkua | mungguh kaya awak mami | kinasihan nêrpati | wêdanane para arum | ujar wêlèh kewala | pêrandene awak mami | durung kongsi cinêngkramani ing nalendra |[51]|
24. yèn kala giliran ingwang | angladosi ing nêrpati | ingsun matur ing sang nata | anuhun sihe nêrpati | andikane sang aji | kaya mangkene sun tutur | yayi mas Băndayuda | benjang ingsun cangkramani | yèn kapanggih pangajapan ingsun tawang ||
25. lingira putri Lumajang | kasinggihan ujar wadi | lamun giliran kawula | nora ketang sundêl aji | anuwun sih nêrpati | andikane sang aprabu | yayi mas sing
--- 70 ---
Lumajang | ing besuk sun cangkramani | lamun sira kusuma sampun diwasa ||
26. sambên taun ngarsa-arsa | sambên sasi ngipi-ipi | prandene tan kalampahan | katuwane awak mami | sandhang bisa golèki | pangan bisa anjêjaluk | kala anèng Lumajang | tan mangan wêdhi karikil | laki raja lara-lara asiling apa |[52]|
27. mujar putri ing Cangcangan | ingkang kaya awak mami | lir cinta minta warsa |[53] angadhang sihe nêrpati | tansah dèn sêmayani | timur tumêkèng asêpuh | inggih tan kalampahan | yèn dêrmana awak mami | wus pêputra prandene dèrèng punapa ||
28. datan pêgat arêrasan | sagunge kang para putri | kawarnaa nibok inya | saure abêbisik |[54] sêti têmên narpati | wau sang prabu ing Wangsul | akèh kang para garwa | tan ana dèn cangkramani | pêrandene padha sêtya amawongan ||
29. Prabu Anjayalêngkara | tuhu yèn nalendra luwih | anging cacatde parusa | sakathahe kang nêgari | kabèh dipun lurugi | sakèh nagri alot têluk | putri kabèh kagarwa | prandene kang para rapbi | padha lara tan ana priniyêmbada[55] ||
30. ana inya siji mujar | layake prabu ing Bali | Mahraja Jayalêngkara | sun wêtara duwe sakit | kala [ka...]
[Ilustrasi]
--- 71 ---
[...la] timur sang aji | layak pinangan lêlêmpung | ingkang sawiji mujar | ingsun duga sri bopati | wêwatunên duk timur tumêkèng tuwa ||
31. pan ana padhêkan jaba | milu anambungi angling | karasa duk ingsun krama | olih wong bagus kapati | ping kalihe asugih | abaut tansah angambung | anging nora prajaya | abela tămpa kêpati | saya sangêt gèn ingsun aulah pura ||
32. nora ketang larang kêmbang | pêpulutan sun andhani | prandene tanpa gawea | anuli sun pancal wani | aku nuli alaki | olih sikêpe wong gunung | atèningsun sakeca | kurang mangan warêk rêsmi | pae cangkêm kalu jagung lan katela ||
33. sakèh para padhêkan |[56] pan sami jawil-jinawil | kasaru Nyai Sèbêtan | lumêbu ing pura dhingin | sakèhe para putri | sami sinung cêlathu |[57] baya pijêr punapa | nora mapak ing sang aji | nora kapok ingsun cêthoti andina ||
34. timbalane sri nalendra | sagunge putri pamburi | kurang ricike gamêlan | maksih luwih para rabi | iku putri paburi[58] | putri têngah datan kaetung |[59] anabuh gambang găngsa | ona gêndèr lawan suling | kang sawênèh salukat lan gambang găngsa ||
35. kusuma yu Băndayuda | sinjange wus dèn waoni | anyăngga bakor kêncana | ya isi toya awêning | lampahira
[Ilustrasi]
--- 72 ---
aririh | yèn dinulu gandrung-gandrung | lir pêrdapa kanginan | êmbating asta rêspati | asrang umyang gambang kinanthi lan têmbang ||
19. Pupuh Kinanthi ingkang gumanti
1. kang punang gamêlan arum | awèh asmara ing ati | manahira tanpa jiwa | ingkang amiyarsa gêndhing | kadya tangise wanodya | kang anèng ing tilamsari ||
2. gêndère muni abarung | lir kakung angarih-arih | maring dyah sajroning tilam | saron kang muni cumêngkling | kadi jêlihe wanodya | kang kawratan jroning rêsmi ||
3. kadya anguwuh pangangluh | maring kang amalêbu curi |[60] gambang găngsa kapiyarsa | syarane arum amanis | kadya suraking wanodya | marune anyar ngêmasi ||
4. kênonge munya anglayung | lir kakung anukmèng rêsmi | syarane kang suling maya | kapirsa lir èstri runtik | amular anèng jro tilam | awirang winadèng rêsmi ||
5. awèh jiwa yèn rinungu | gamêlan munya wèh brangti | punang kêthuk kapiyarsa | èrêke adudut ati | lir tangise lare bajang | cinawowo maring bibi ||
6. putri ing Pranggunan ayu | amicarèng jroning ati | nora kaya sri nalendra | kalintang dene amukti | sakathahe para garwa | padha kinèn nabuh gêndhing ||
7. putri Băndayuda mêthuk | sang nata manjing ing puri | anulya sira wot sêmbah | amasuh ing pada kalih | ingusapan gêlungira | layone aglar i[61] siti ||
8. sang prabu asih andulu | amicarèng jroning ati | adhuh mirah jiwaningwang | sun ecane ingkang galih | malar tulus asihira | anaa rewang amukti ||
9. wus cinandhak astanipun | adhuh mirah jiwa mami | iki wong ayu utama | aja masuh pada kalih | mênawa bodhol kang rema | aprasasat tênggak mami ||
10. yangyang mirah tilamarum | mung iki dewane sari | wong ayu anjait nala | asung wigênaning dasih | èsême apait kilang | wong ayu sun êmban gusti ||
11. sang putri sampun pinêngkul | binêkti[62] ing tilamsari | sapraptane ing jro tilam | winisik asmara jati | sang ayu datanpa jiwa | kadya sampun sakarêsmi ||
12. sang putri Lumajang wau | anèng sore nagasari | sakêlangkung merangira | kusuma kêlangkung runtik | anggèndèng pang nagapuspa | akèh kang tiba ing siti ||
13. sang prabu sampun tumurun | arsa angimur kang runtik | wus cinandhak wau sang dyah | astane maring sang aji | apa karyanira mirah | angiyog pang nagasari ||
14. adhuh mirah jiwaningsun | ruktik[63] maring
--- 73 ---
awak mami | dhuh amung sira kusuma | asawang mênur rinujit | kawula atadhah duka | wong ayu sun pondhong gusti ||
15. putri Lumajang rinangkul | binêkta ing tilamsari | sapraptanira ing tilam | winisik asmara jati | sang kakung ngaras srinata | sang dyah asare tan eling ||
16. sang putri Cangcangan wau | kalangkung merang ing ati | ulate rêngat anawang | sang dyah maring ing botrawi | tanbuh raose kang manah | ambêdhol gambir mêlathi ||
17. sang prabu wus atut pungkur | wau maring kusuma di | anging sang dyah datan wikan | maring sira sri bopati | cinandhak sangking ing wuntat | malerok sang liring sari ||
18. sang prabu lingira arum | lah uculna asta mami | dipun ainggal sang nata | wong punapa awak mami | asta kelor iki uga | yèn putung sapa ngilèni ||
19. sintên nambani yèn putung | angandika rajèng Bali | amung dika jiwaningwang | kang sêkar alit inganggit | dhuh sampun maras kusuma | gawe gambiraning ati ||
20. amung sira mirah ingsun | ingkang asung lara brangti | amung sira wotding nala | Wilotama tilamsari | pun kakang têmah kunarpa | yèn kusuma nora asih ||
21. wus kinanthi kusuma yu | sapraptane jinêmwangi | sang ayu sampun kinusya | winisik asmara sari | sang dyah pinaringan gantyan | kêntaka[64] dènira guling ||
22. sang putri Pranggunan ayu | gambang găngsa kang ginêndhing | pijêr kantu polahira | karaos larane galih | adêrs wijile kang waspa | sarone dipun sungkêmi ||
23. sang putri Purwăngga kantu | dènira anabuh gêndhing | ingkang karasa ing nala | tan dêrman wirang kapati | kasoran dènira krama | êgonge dipun garuti ||
24. putri Sandipura ayu | tansah kantu angrakêti | karasa ing polahira | wirang dènnya rêbut ing sih | waspa ingusabp[65] asinjang | karomonge dèn sungkêmi ||
25. putri Sidapêksa ayu | wirange karasèng galih | ingkang karasa ing nala | dene kari rêbut ing sih | andêrs kumucur kang waspa | kêthuke dipun sungkêmi ||
26. Ni Gêdhe Sèbêtan matur | yèn sêmbada panduka ji | sakathahe para garwa | sadaya pan sami runtik | dene tan kapadhan karsa | luhung sinangkramèng[66] rêsmi ||
27. alon mèsêm sang aprabu | amarani para rabi | sang nata asru ngandika | kabèh atma jiwa mami | aja na padha karuna | kabèh wotde ingkang ati ||
28. sang prabu mring jinêmarum | ginarêbêg para rabi | lir pendah Sang Yyang Asmara | ginarêbêg widadari | sapraptane ing jro tilam | lir Ratu Ngamarta Aji ||
20. Pupuh Durma ingkang gumanti
--- 74 ---
1. wus winisik sakathahe para garwa | lawan asmara jati | sakèh para garwa | sami kantu sadaya | kabèh wus dèn cangkramani | maring nalendra | nora lan pulang rêsmi ||
2. langkung sêti Prabu Anjayalêngkara | jayane sri bopati | dene bala nata | angrèh ing pramuditya | anglêngkarane sang aji | tanpa cumbana | kalawan para rabi ||
3. kawarnaa Kêlana Jayakusuma | kang arsa bêdhah Bali | tansah pagunêman | lawan kadang kadeyan | tanapi para dipati | kadeyanira | wau ingkang tinuding ||
4. angandika Kêlana Jayakusuma | hèh sagung sanak mami | ingsun utus sira | lah kakang rumiyina | pabeyan gêcêkên dhingin | ngêrbut baita | aja ajrih ing wèsthi ||
5. yèn sêlamêt kakang sira olih palwa | nuli balia aglis | ingsun arsa nabrang | Dêmang Jayalêksana | Angabèi Yudapati | padha kêkaria |[67] karya pakuwon mami ||
6. awot sêmbah Ki Răngga Jayasantika | Ngabèi Yudapati | Dêmang Jayalêksana |[68] kang kinèn kariyina | anggawa wong tigang biting | tur sêsêliran | padha wong wani mati ||
7. tanpa palwa pan sami gèthèk kiwala | kinarya gèthèk ori | pêtung lawan pucang | kang sami tinitihan | ginandhèng lawan pênjalin | wus munggèng toya | sakaprabon ngajurit ||
8. datan kandhêg gèthèke tiga lumampah | awrat wong satus sami | kang anèng ing ngarsa | Răngga Jayasantika | Yudapati anèng wuri | Jayalêksana | anèng têngah lumaris ||
9. waosira sami binongkok sadaya | pêdhang parise lêmbing | binongkok kiwala | dipun sasabi kajang | amindha-mindha wong grami | palwane pêcah | arsa mêntas ing Bali ||
10. tan kawarna wau lampahe Ki Răngga | prapta ngujung nêgari | mèh parêk Pabeyan | lamat-lamat katingal | biyange palwa kaèksi | asri katingal | lir jatingarang singgih ||
11. kawarnaa kang baris anèng Pabeyan | Ki Gêdhe Tunggu singgih | Gêdhe Sudimara | ki gêdhe ing Talnambang | ki gêdhe ing Wonakitri | Gêdhe Jambeyan | padha wong wani mati ||
12. bêdhil mriyêm kalataka lawan lela | sadaya dèn wêtêngi | anjanggol muwara | sami rumêksèng baya | kang baris burining bêdhil | wong sêsêliran | jangkewuh nglanglang pasir ||
13. sampun prapta Ki Răngga Jayasantika | Dêmang Pabeyan angling | wong ing ngêndi sira | mujar Jayasantika | manira iki wong grami | prau ngong rêmak | arsa mampir ing ngriki ||
14. asru mojar wau Ki Dêmang Pabeyan | iya mêntasa aglis | ingsun sarah sira | sakèh daganganira | sun alap katur nêrpati | ukume sarah | wong kaya sira iki ||
--- 75 ---
15. sampun mêntas Ki Răngga Jayasantika | lawan Ki Yudapati | lan Jayalêksana | minggah sak baturira | prayitna wong tigang biting | sarêng anyandhak | sasikêpe ngajurit ||
16. ya ta ngadêg Jayalêksana sêsumbar | aku dudu wong grami | wong ing têmênggungan | prajurit ing Ngurawan | marmaningsun prapta ngriki | angambil palwa | awèh ora sun ambil ||
17. ya ta kagèt lumayu Dêmang Pabeyan | angungsi maring baris | gita apêpoyan | maring Gêdhe Talnambang | kiyai mêngsah wus prapti | anèng Pabeyan | wêtawis tigang biting ||
18. sigra tandang ki gêdhe ing Sudimara | têngarane tinitir | Ki Gêdhe Talnambang | wau sigra nêrajang | Yudapati datan gingsir | Jayalêksana | pangamuke angukih ||
19. anangkêpbi Gêdhe Gêtêr Panjambeyan | sigra bendrongi bêdhil | arame kang yuda | wong tigang atus mara | anèng têngah dèn kêmbuli | lir saradula | amrih kiwuling jurit ||
20. ngamuk ngetan Ki Dêmang Jayalêksana | parisène cinangking | wiyare sadhêpa | têmbaga kang kinarya | lan pêdhange wêsi kuning | lir singa galak | angirit wong sabiting ||
21. ngamuk ngulon Ki Răngga Jayasantika | dhuwunge parung sari | jêbênge dèn ikal | tandange kaya pêrnjak | anitihi wong sabiting | tur wicêksana | angamuk golong pipis ||
22. ramening prang tanbuh mungsuh lawan rowang | awor sambate kanin | lir pendah ampuhan | syarane [syara...]
[Ilustrasi]
--- 76 ---
[...ne] wong kabranan | pating paluncar kang gêtih | kadi galuga | wong ing Bali kalindhih ||
23. wong Pabeyan kang ingadu akèh pêjah | lumayu ingkang urip | tumpês ingkang panggah | ingkang mundur kabranan | Yudapati ngobrak-abrik | Jayalêksana | angamuk ngowak-awik ||
24. sirna larut Ki Gêdhe Talnambang pêjah | Ki Gêdhe Tunggu mati | Gêdhe Sudimara | apan sampun palastra | Gêdhe Wanakitri mati | Gêdhe Jambeyan | Ki Gêdhe Gêtêr mati ||
25. anging sira Dêmang Pabeyan lumajar | sarwi anandhang kanin | jaja wrus[69] walikat | dèn abêni kiwala | pêlayune niba tangi | sarwi karuna | arsa atur upêksi ||
26. kawarnaa Ki Dêmang Jayalêksana | lawan Ki Yudapati | arsa abanjura | angamuk ing nêgara | Ki Jayasantika angling | hèh adhi dêmang | lawan adhi ngabèi ||
27. aja sira abodhokakên wong tuwa | yayi kari ngriki |[70] gawea pondhokan | ingsun bali piyambak | anggawa palwa puniki | kajêng[71] pangeran | sun aturi lumaris ||
28. asru mujar Ki Dêmang Jayalêksana | lawan Ki Yudapati | inggih kakang Răngga | dipun age matura | manira kari ing ngriki | yèn mungsuh prapta | kadangmu mêksih wani ||
29. sigra bali Ki Răngga Jayasantika | anggawa wong sabiting | pan palwa sasonga | bandhangane Ki Răngga | layare wus pinêlati | agêgancangan | datan kawarna margi ||
30. kawarnaa kang anèng ing pamondhokan | sakèh para
[Ilustrasi]
--- 77 ---
dipati | sami akasukan | ana ingkang bêbêksan | sawênèh ana anjodhi | opyaking bala | lamun Ki Răngga prapti ||
31. kang sawênèh ana amilih pacalang | ana sêlup pinilih | ana milih wangkang | sawênèh milih korap | wus samya alabuh sami | apan Ki Răngga | arsa matur ing gusti ||
32. kawarnaa Tumênggung Jayakusuma | kang lagya minta riris | anèng pamondhokan | anabuh gambang găngsa | Dèwi Surèngrana luwih | anèng ing pangkyan | lèngèh-lèngèh liniling ||
33. sapraptane Ki Răngga Jayasantika | kulambi kuthah gêtih | alon angandika | Klana Jayakusuma | kakang Răngga olih kardi | ngong karya duta | Ki Răngga awotsari ||
34. inggih angsal pangeran palwa sasonga | inggih akawal jurit | pun Jayalêksana | lawan pun Yudapatya | pangamuke silih ukih | lêbur Pabeyan | wong Bali kathah mati ||
35. angandika Kêlana Jayakusuma | sakèh para dipati | padha undhangana | ingsun arsa lumampah | numpag[72] baita ing wêngi | sigra wot sêmbah | Ki Wijatmaka mijil ||
21. Pupuh Mijil
1. kusuma yu Surèngrana angling | inyanira kinon | Biyang Supatma miyosa age | si arya warahên tumuli |[73] rataku dèn aglis | dèn mota pêrau ||
2. pangirite sasapbona jaring | dèn kukuh ambacot | bok abudi nèng têngah laute | aja ana kang wong amomori | sapêrabot [sapêrabo...]
[Ilustrasi]
--- 78 ---
[...t] mami | dèn mota pêrau ||
3. Ki Tumênggung Jayakusuma ngling | dhuh dewane sinom | sampun milu jiwaningsun anggèr | atunggua pakuwoning wuri | apan wadya alit | saduman kang kantun ||
4. kalih duman kang sun gawa yayi | amanggut[74] palugon | rajèng Bali asêti wartane | mênawi sun kapêsan ing jurit | eman sira gusti | katawan ing mungsuh ||
5. putri Cêmara anyiwêl wêntis | dhuh pangeran ingong | putri Cêmara ayu warnane | kinakudang yèn dadi prajurit | milaningsun krami | arsa tunggal larung ||
6. yèn pangeran pêjah balowarti | kasor ing palugon | kula pêjah anèng ing larène | raga kang srah tangkisna jêmparing | sasat syarga benjing | yèn barênga lampus ||
7. mèsêm sang kakung angaras pipi | garwane pinondhong | reyang-reyong mring tilamsarine | iki si wong cèthi acuwiri | mung wancine siji | angrèh maring kakung ||
8. anggitêl wêntis aturnya ririh | dhuh juwitaningong | bobap têmên pangeran ludhêse | asun ingaranan wani ing laki |[75] kala apa mami | angrèh ing wong kakung ||
9. Klana Jayakusuma angling |[76] angaras ing sinom | taha lamun wania kakunge | wanènira amungu ing brangti | kêrasira gusti | awèh rarasing rum ||
10. lir bramara angosyèng sari |[77] kang lagya karongron | Inya Supatma landhêp karsane | gambang găngsa tinabuh cumêngkling | kapirsa mèt ati | kadya nguyu-uyu ||
11. ya ta ana padhêkan sawiji [sa...]
[Ilustrasi]
--- 79 ---
[...wiji] | padha acêlathon | kusuma kalintang canggihe[78] |[79] ki tumênggung baute angênting | mêngkarak wak mami | kang ati salumbung ||
12. ya ta ana bature sawiji | kang dora anglamong | atiku iki êmbuh rasane | buta Kumbakêrna iki muni | têka ngêrak-ngêrik | anauti pinjung ||
13. ki tumênggung eca dènnya guling | tyasira karuron | kusuma yu kapati asare | ya ta kawratan ing sihing laki | manyura sru muni | nyungangong bang kidul ||
14. bangun rahina wayahe wêngi | sasi wus angayom | sata wona angrit pangluruge | angkupan muni awor kêdhasih | lir kadya nangisi | kang alêbu parung ||
15. kagèt awungu sang adipati | asêmu kalêson | kusuma yu pan maksih asare | wêdana wênês ngujur gêguling | kakung saya asih | garwane rinangkul ||
16. awungua wilotamèng rêsmi | dêrsanalèng turon | kusuma yu lembon dingarène | astane dyah pan sinunggi-sunggi | apuranên gusti | dewa pun tumênggung ||
17. kagyat awungu sang ruming sari | runtik tur kawuron | apan kawratan sihe kakunge | gêlung lukar wau dèn waoni | anyêngkah ing laki | dhuh lêsu pukulun ||
18. kadi gêrah syarane pasisir | kang nata pêrabot | pan Ki Răngga Jayasantikane | pan sadalu tanpolih aguling | bêndhene tinitir | angrog galaganjur ||
19. age tumurun sang adipati | garwane pinondhong | èsmu merang maring punggawane | tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng pasisir | minggah ing pêrau ||
20. Inya Supatma nuli abali | mantun king pakuwon [pakuwo...]
[Ilustrasi]
--- 80 ---
[...n] | sakèh padhêkan aturu kabèh | nora wikan sapolahing gusti | wus munggèng palwa di | gènnya kesah dangu ||
21. ya ta ni inya angambil warih | munggèng ing pêngaron | punang toya wus siniratake | mring sakèhe para nyai guling | asru dènira ngling | kari ing gustimu ||
22. kagèt tangi sakèh para nyai | sadaya sêsaos | ana kari maring gêgawane | pêthi kang isi bêrana kari | gugup tangi guling | dhêdhingklik pinikul ||
23. ana padhêkan sêdhahan siji | gugup polahing wong | pêpojène[80] wus sinaosake | sêlak kari anggendhong kêkêndhil | miyos kontrang-kantring | tiba ting kalêpruk ||
24. ingkang rada alembon aguling | pan eca angarok[81] | dipun siram gèdhèg-gèdhèg bae | angalih gon alok yèn garimis | wong wêdi ing kunci | wani asu buntung ||
25. padha inggar sakèh para nyai | sangune ginendhong | pula gimbal lawan sêsagone | satru arum kalawan wajik |[82] ingkang rada miskin | anggendhong cêngkaruk ||
26. cêngkaruke mung sagêgêm iki | dèn wadhahi gênthong | milanipun gêdhe wêwadhahe | mênèk pêtêng atine ing margi | sêlak gugup margi | gênthong tiba rêmuk ||
27. cêngkaruke tiba kocar-kacir | tiba ing balêthok | têka sajujung asru tangise | angur baya matia si kaki | maring ngêndi gusti | adhuh cêngkarukku ||
28. sakathahe ing para nyai |[83] sadaya wus kawot | tunggal palwa kalawan gustine | palwa pêtcalang kang dèn titihi | paridan tinarik | juru mudhi mungkur ||
[Ilustrasi]
--- 81 ---
22. Pupuh Pangkur ingkang gumanti
1. Kêlana Jayakusuma | wus anitih palwa pêcalang adi | pun Timbanggêtih ranipun | apanjang tur awiyar | tautate angêmot wong tigang èwu | arame wong Gilingkêlat | layar binabar tumuli ||
2. juru bantune utama | sampun ngadêg wau wurine canthik | amaspadakakên ujung | juru pandoman prayitna |[84] kang jinangkung pakewuh sajroning banyu | juru mudhine prayitna | jangkare sampun tinarik ||
3. bêndhe tinabuh angangkang | angrok lawan gamêlan asênggani | têngara bêdhil kumrutuk | angin untara prapta | ombak agung punang sêgara wus wêdhuh[85] | lampahe palwa angêrab | yèn tinon anggêgilani ||
4. datan kandhêg lampahira | kawarnaa ing nalika wus ngranjing | mega abang wus kadulu | kuning kalawan pêthak | ampak-ampak papêdhut ngungkuli alun | lir langêning pêpajangan | lêlangse mêndhalagiri ||
5. wijile sang yyang raditya | pan kalingan dene sang mega putih | kang riris pan dene mêndhung | tinon agawe rimang | lêrêk-lêrêk kaya sêmune sang ing rum | kala Dèwi Surèngrona | kawratan sihirèng laki ||
6. gêrah măndra kidul wetan | apan angrok kilat kalawan thathit | anglir pendah kincangipun | alise sang kusuma | ing papêrman sinisiwo Ki Tumênggung | Kêlana Jayakusuma | agung trisnane angênting ||
7. ingkang mina lêlimbungan | pan katrajang dene palwa lumaris | kang mina buyang[86] ngêndhanu | kadi wong anêmbrama | akèh banyar
[Ilustrasi]
--- 82 ---
lumahan kalawan cucut | pèdhèt pèthèk lan rajungan | kuro kalawan têngiri ||
8. pêparot lawan lêlumba | sumawana têmbirang kakap kuning | olor kêlawan kaluyu | jambulan lan lêmahan | atanapi tarêjung kalawan layur | lewe gobak lawan pahat | gêmi tumèmpèl kêmudhi ||
9. datan kawarna ing marga | lampahira kang arsa bêdhah Bali | sira Rahadèn Tumênggung | Kêlana Jayakusuma |[87] labuh jangkar wau sira anèng ujung | sigra mêntas ing Pabeyan | pakuwon kapanggih dadi ||
10. kocapa Dêmang Pabeyan | kang lumayu sarwi anandhang kanin | Menak Agung kang jinujug | sampun atur uninga | sapolahe sampun katur Menak Agung | Ki Dêmang Pabeyan pêjah | Ki Agung malêbèng puri ||
11. malêbêt tanpa larapan | sri nalendra pinarak ing botrawi | sineba ing para arum | kang sami gona[88] raras | munggèng ngarsa para garwa ayu-ayu | ki dipati ing Liyangan | kapanggih ing dalêm puri ||
12. milane wau ngandikan | Ki Apatih Jayaasmara singgih | kinèn anyaron nalutur | anabuh gambang găngsa | lan malihe kinèn muruk para arum | tan ana sêsiku ketang | yèn amuruk para rabi ||
13. Ki Patih Jayaasmara | ambêranyak èsmu anjungkar angin | warnane anom abagus | mukti sugih sêntona | garwanira sakawan padha yu-ayu | padha putrane nalendra | tan ana dèn cangkramani ||
[Ilustrasi]
--- 83 ---
14. agawe malang sumirang | iya patih anèng nêgara Bali | datan ana ingkang purun | maring Jayaasmara | dene sêti prawirèng rona[89] kêlangkung | milane wong sanêgara | sadaya awêdi asih ||
15. yèn kêmbanga lagi mêkar | dhasar bagus adhêmên busana di | apantês kampuhe gadhung | rinênggèng ing pêrada | apaningsêt sutra kuning sang abagus | asri rinênggèng pêrada | kang atulis wukir kawi ||
16. wus akris tinaturăngga | ukirane cula tinunggak sêmi | apan pêndhok mas mancur |[90] pêndhok gula kêlapa | arja jamang mas rineka sang abagus | andhangah dènira gambang | asumping sinurèngpati ||
17. kocapa kang manjing pura | Menak Agung kandhêg lawang ingukir | kèmêngan amungup-mungup | akarsa malêpbua | pan mênawi kadukan marang sang prabu | dene lagi akalihan | lawan sagung para putri ||
18. akarsa wangsul ing lawang | apan ana jênêngira pêpatih | kèmêngan tyase Ki Agung | kaya-kaya ngandikan | amaoni kampuhe kănca kinêlun | sampun nêtêpakên kopyah | kêrise pinipit-pipit ||
19. ing manah maksih kèmêngan | Menak Agung sisi pipining kori | kagèt sang prabu andulu | ingawe marang ngarsa | lah dèn age marenea Bapa Agung | dene têka kaya bocah | sumêlang angintip-intip ||
20. Ki Agung prapta ing ngarsa | sri bopati nulya ngandika aris | dingarène Bapa Agung | aseba jrone pura | baya rusak [rusa...]
[Ilustrasi]
--- 84 ---
[...k] pêrabotmu Bapa Agung | sira ngawula maringwang | putih kuning sun paringi ||
21. bokmênawa rabinira | kurang pangan bapa aja awêdi | anyuwuna maring ingsun | măngsa ingsun tegakêna |[91] katon têmên sêtyanira Bapa Agung | angawula marang ingwang | cabar tiwas dèn adhêmi ||
22. Ki Menak Agung wot sêmbah | ya dewaku pukulun panduka ji | anuhun duka pun Agung | taha yèn mêngkatêna | sakadare pun Agung kêkucah tuwuk | milane atur mêstaka | angraos tiwas angapdi ||
23. kawula atur uninga | ing Pabeyan kancikan mêngsah wani | dutane radèn tumênggung | angancik ing Pabeyan | mendahane babote[92] radèn tumênggung | cacak punggawa kewala | pêrandene gêgilani ||
24. kathahe mantri têtiga | sikêpipun wêtawis tigang biting | sinăngga wong limang èwu | prandene tan kuwawa | bala tumpês kamisêpuh kathah lampus | Ki Gêdhe Ngranu palastra | Ki Gêdhe Talsèwu mati ||
25. Gêdhe Sudimara pêjah | pan Ki Gêdhe Wanakitri ngêmasi | Ki Gêdhe Tugu kapupu | Ki Gêdhe Gêtêr pêjah | pan Ki Gêdhe Pajambeyan wus kasambut | palwa panduka sasonga | kabandhang ing mêngsah prapti ||
26. pun wangkang pun Jaladara | lan pêtcalang gusti pun Timbanggêtih | sêlup pun Răndhabêbakul | korap pun Kaladuta | sadayane sampun kabandhang ing mungsuh | Dêmang Pabeyan palastra | duk gêsang kang
[Ilustrasi]
--- 85 ---
asung warti ||
27. pukulun atur kawula | nuhun duka pun Agung amit mati | kawula arsa angêrbut | baita kang kabandhang | sri bopati angandika sarwi ngadhuh | baya Agung aja pêrang | mênawa sira ngêmasi ||
28. eman yèn sira matia | nadyan gêsang pundhakmu sun alimi | apan aku ratu luhung | asugih balakusya | nadyan silih matia wong tigang èwu | pan ingsun măngsa girisa | maksih sakêtthi kang kari ||
29. nadyan sakêtthi matia | maksih ona rong kêtthi ingkang kari | upama sayuta lêbur | sabarang maksih ana | eman mati Bapa Agung sêtya tuhu | ilang kang palwa sasonga | maksih bisa angilèni ||
30. Bapa Agung lir êmbanan | sasotyane baya ana ing ngêndi | eman têmên Bapa Agung | yèn matia apêrang | mendahane dukane momonganipun | Agunge wong jaman kuna | momongane ana ngêndi ||
31. Prabu Bali nora kilap | ing angsale wau ing nguni-uni | maring sira Menak Agung | wulucumbu Jênggala | pan kasingsal apisah momonganipun | lagi karya lêlampahan | maring kang murwèng kawi |[93]|
32. rajèng Bali angandika | wêtcanane wau apait gêndhis | dêdimone Bapa Agung | prajurit ing Ngurawan | lamun prapta Sapigumarang ngong pagut | nadyan ingsun rêrêmpona | aja adoh lan nêgari ||
33. yèn ingsun amagut ing prang | garwaningsun kabèh ingsun paèsi | sadaya sun gawa magut | mênawi ingsun kalah | pan anaa bandhangane Ki Tumênggung | Kêlana Jayakusuma | mêmêkasa mupung urip ||
34. mangkana sang analendra | mengo ngiwa mujare para rabi | sakathahe garwaningsun | benjang yèn ingsun aprang | nênontona suraka sangking carumpung | Kêlana Jayakusuma | sun ujane padha siji ||
35. sakathahe para garwa | sadayane padha matur wotsari | kaya ngapa warnanipun | prajurite Ngurawan | arsa mungsuh dhatêng sang prabu ing Wangsul | baya basên[94] mangan sêga | warêg mangan wohing dami ||
36. adipati ing Liyangan | jamangipun tinêtêpakên malih | matur sarwi nyikut dhuwung | nêmbah angêmbat asta | pan kawula dewaji ingkang umanggut | Kêlana Jayakusuma | benjing kawula kêmbari ||
37. pangraosing manah kula | sampun kagêm munggèng ing asta kalih | ingkang aran Ki Tumênggung | Kêlana Jayakusuma |[95] wurung mukti sida tumênggung mathuthung | panduka tuwêk piyambak | mèsêm sagung para putri ||
38. sri bopati angandika | Bapa Agung mataha wong kang bêcik | konên adombani laku | dimone lampah dhustha | cacahêna prabote mungsuh |[96] kalawan rabine pira | kang milu sabayapati ||
39. Ki Agung matur sandika | pan kasaru ki patih wau prapti | remane dinulu mawur | dudu mawure kêmbang | tangi turu akuthah kalawan kapuk | kojur [ko...]
--- 86 ---
[...jur] dènnya bêbasahan | kêkopyahana cêcaping ||
40. jêmpole sikil punika | karo pisan dipun alèn-alèni | nila kalawan jumêrut | dèn talèni lan tampar | dipun ugêr kalawan dhadhêngkulipun | eman mênawi ilanga | yèn lumampah miling-miling ||
41. Ki Menak Cau wot sêmbah | ya dewaku kawula tur upêksi | satru panduka wus rawuh | prajurite Ngurawan | pakuwone wartanipun ing Talsèwu | ing Banonbang sampun prapta | pacalange kang prajurit ||
42. kadya punapa ing karsa | angandika sri bopati lir gêndhis | dêdimène Bapa Cau | makuwon ing Banonbang | arah ingsun Sapigumarang ngong pagut | sakèhe măncanêgara | padha timbalana benjing ||
43. sampun puput angandika | rajèng Bali lèngsèr sangking botrawi | ginarêbêg para arum | ingkang anggona raras | padha putri kang bêkta pacaranipun | kidang mas ardawalika | kêkacu mas sawunggaling ||
44. lêlancang bakor kêncana | lan tadhahan emas sinilih asih | songsong jêne anèng pungkur | bêbungkul manik toya | mawi samir kang agawa putri ayu | waos panjang panuwêkan | kang abêkta putri adi ||
45. sêmbada sapolahira | asta têngên amundhi waos singgih | astane kering angrayung | êmbate alembeyan | mingêr ngiwa kadi putunga kang lambung | kadi èndhèle
[Ilustrasi]
--- 87 ---
Ki Cêrma | manyak-manyak angedani ||
46. adipati ing Liyangan | sampun mijil sangking ing dalêm puri | Menak Agung Patih Cau | apan sami tut wuntat | sadêlanggung Ki Cau atutur-tutur | adhi Agung ipe dika | bêngi yèn ingsun dukani ||
47. dalane nora dukaa | wong ing karang adhi ngaturi bêkti | pan atur suruh sagulung | lan jambene samayang | lawan durèn sawiji sisane gêndhu | Ki Menak Agung angucap | milane sisane bajing ||
48. wong desa wong tanpa ngrasa | atur durèn sawiji sisane bajing |[97] Ki Menak Cau amuwus | kang waras sampun têlas | ingsun gêpbyuk duk lagi misih jumamur | kari pêntile satunggal | sun wèhi layang kêkitir ||
49. yèn durèn ora katura | sayêktine patinggi sun larani | mila ipemu sun sêndhu | iya dhingini karsa | têka nginang jambeku têlas têtêlu | nora ngaturi uninga | dudu pêpadhaning mami ||
50. sadalu ingsun aduka | adhi Agung ipemu sun dukani | pan mangkene dukaningsun | si setan bêlis lanat | bungkêr kupêr asu lèlèng[98] hantu laut | nora layak polahira | dadi garwane pêpatih ||
51. Patih Agung suka-suka | lah ki raka aja dinawa malih | balik ki raka rinêmbug | pakewuhing nêgara | ingkang pinrih mungsuh aja kongsi rawuh | sapraptane panangkilan | sampun atata alinggih ||
52. sakèhe mantri panglima | sami pêpêk anèng ing păncaniti | sampun waskitha [waski...]
[Ilustrasi]
--- 88 ---
[...tha] kang rêmbug | sami patah-patahan | ya ta wontên lêlurahe Jayèngkewuh | awasta Gagak Kalana | kalawan Dhangndhang[99] Winangsi[100] ||
53. lawan Kuntul Wilantênan | kang dèn utus maring rêkyana patih | anêlik lampahe mungsuh | kinon maring Banonbang | anacahna sakèh pêraboting mungsuh | sasampunira winêkas | lumaris sang madugêndhis ||
23. Pupuh Dhangdhang ingkang gumanti
1. sampun amatah mantri kêkalih | kinon nimbali măncanêgara | miwah wong pasisir kabèh | kawarnaa ing ênu | sakathahe punggawa mantri | padha amêkajangan | anèng alun-alun | tanapi jawine kitha | baris agung têlike lir banyu mili | kang angêrksa[101] nêgara ||
2. anêngêna[102] sang prabu ing Bali | kawarnaa prajurit Ngurawan | Klana Jayakusumane | lamine pitung dalu | ing Pabeyan dipun pondhoki | budhal sangking Pabeyan | amondhok Talsèwu | malah kongsi sangang dina | sabudhale sangking ing Talsèwu singgih | amakuwon Banonbang ||
3. dènnya makuwon tan mawi biting | abêlabar punggawa Ngurawan | padha mara dhadha bae | anênggih têbihipun | ing Banonbang lawan ing nêgari |[103] lêlakon pitung dina | yèn lampah wong nglurug | yèn lumampah lêlancaran | wêtarane tigang dina nuli prapti | kitha sangking Banonbang ||
4. nèng Banonbang pan sampun alami | Ki Tumênggung Anjayakusuma | tan ana mapag yudane | kèmêngan manahipun | Ki Tumênggung Jayadiluwih | sagung para dipatya | aseba ing ngayun | andhèr lir sêkar sataman | adipati ing Barêbês sami nangkil | Dipati Kêrtasana ||
5. Răngga Jayasantika anangkil | kalih Ki Dêmang Jayalêksana | Ngabèi Yudapatine | andhèr anèng ing ngayun | sakathahe para dipati | sadaya sami seba | ing Jipang Mêntaun | Dipati Tuban Bêlora | sumawona Răngga Sidayu Garêsik | Lasêm Dipati Rêmbang ||
6. Ki Tumênggung Jayakusuma di | akalihan Dèwi Surèngrona | anèng wingkinge kakunge | alon dènira muwus | Ki Tumênggung Jayadiluwih | sakèh para dipatya | kang anom kang sêpuh | manira tari sadaya | kayaparan sêmune sang natèng Bali | nora amanggut yuda ||
7. yèn têluka sang prabu ing Bali | apan sampun ngaturi bongkokan | kang ati ewuh rasane | èmênge atèningsun | dene mungsuh wong Surèngwani | ambêke amiguna | sang prabu ing Wangsul | sakèhe para dipatya | kayaparan ature ing awak mami | matur ingkang pra mănca ||
8. măngsa boronga ki adipati | inggih sampun sangking kaping gangsal | pakewuh kawêngku kabèh | yèn sêmbada pukulun | luhung benjing mangsaha jurit | sagung
--- 89 ---
măncanêgara | ingabên prang cucuh | lêbur kadi pratala |[104] apan rêmbak ature punggawa mantri | ki tumênggung tan arsa ||
9. Răngga Jayasantika wotsari | yèn sêmbada ature kawula | gusti pangeran yèn kangge | sagunge punggawa gung | pinilihan ingkang abêcik | sami nitih turăngga | abêdhah ing Wangsul | amrih kiwuling ayuda | apriyogi pangeran aprang dhadhali | ki tumênggung tan arsa ||
10. Jayalêksana umatur aris | atur kawula dhatêng pangeran | lamun sêmbada karsane | benjang dawêg pinanggut | pinrih ing mêngsah tanbuh ing jurit |[105] ing ngarsa kinawalan | ing pungkur ingamuk | pinrih kang mêngsah gugupa | kakang dêmang dadya cucuke jurit |[106] ki tumênggung tan arsa ||
11. asru matur sira Udapati[107] | atur kawula dhatêng rahadyan | sampun pangeran têlangke | ngabên rosèng bêbalung | luhung benjing mangsaha jurit | sampun jamak prawira | mati aprang pupuh | kawula binubuhana | apan sanggup madung gapurane benjing | ki tumênggung tan arsa ||
12. kusuma yu Surèngrana angling | atur kawula dhatêng pangeran | lamun sêmbada kêrsane | ing wong apêrang pupuh | nisthanipun kalih prakawis | ana kang mênang aprang | kalah jodhinipun | mênang jodhi kalah aprang | kang utama mênang aprang mênang jodhi | tandhane yèn prawira ||
13. yèn sêmbada atur kula gusti | dèn dhahara ature pawongan | pangeran gusti ing têmbe | karya layang pêpucuk | ingaturna prabu ing Bali | apan pinrih têluka | upami anggêrgut | inggih malar prayitnaa | yèn wis yitna sikêpe bali ajurit | pangeran dawêg mangsah ||
14. ana tandhane lamun prajurit | nadyan èstri kawula pangeran | sandika dados pamuke | sampun amrih ing tambuh | apan dede prajurit luwih | mèsêm sang adipatya | garwane rinangkul | lah inggih lêrês kusuma | amung sira wilutamane sabumi | asêkti măndraguna ||
15. midêr ing rat ingsun tan amanggih | kuningira anukmèng pêrada | asêpêt madu èsême | yangyanging tilamarum | mirah mulya intên widuri | kusuma di Cêmara | wong ayu anulus | kang amindha Wilotama | mung wadane kusuma awutah ati | angrèh bawaning priya ||
16. sira Dèwi Surèngrana angling | basên têmên sêpdane pangeran | dhuh kaya ngapa wanine | lan malih dèrèng tau | amarentah panduka gusti | eling yèn bêboyongan | mila darbe atur | supados sok adhahara | ya ta mèsêm sang kakung angaras pipi | adoh tumêkèng rema ||
17. kathah dipati pra mănca sami | kucêm sami tandhês ing pratala | kalangkung dene kucême | sang dyah sampun sinambut | glis binêkta ing jinêmwangi | prapta ing pêpajangan | dhuh dewaning ayu | kêrase
--- 90 ---
amung wigêna | amung sira Wilotama ing rat bumi | ayu surèng paprangan ||
18. lir bêrmara anukmèng ing sari | ki tumênggung lan putri Cêmara | sarwi ngartèni layange | ewuh lamun winuwus | kapanane gènira nulis | liyan Dèwi Surèngrana |[108] sêktine sang bagus | punang nuwala wus dadya | ingulêsan kalawan têluki kuning | kadehane ngandikan ||
19. sira Răngga wus prapta ing ngarsi | lan Ki Dêmang Anjayalêksana | Ngabèi Yudapatine | ki tumênggung lon muwus | ingsun utus kadeyan mami | amundhia nuwala | mring nêgara Wangsul | nanging poma kakang Răngga | layang ingsun aja liyan kang nampani | yèn dudua sang nata ||
20. sira Ki Răngga pan awotsari | lawan Ki Dêmang Jayalêksana | Ngabèi Yudapatine | kawarnaa ing ênu | wus abêkta wadya nêm biting | sami wahana kuda | budhal têngah dalu | lumaris ing lampahira | datan kandhêk ing Banonbang wus kawingking | dungkap Sapigumarang ||
21. kawarnaa Ki Gêdhe Tubabi | lawan sira Ki Gêdhe Panendran | atugur ing tampingane | bêkta sikêp nêm èwu | kang tinunggu brahala wêsi | anèng Sapigumarang | wastane kang dhusun | akarya biting mangabar | bêdhil mriyêm kang pinasang balowarti | sairing lor binotan ||
22. alon mujar Ki Gêdhe Tubabi [Tuba...]
[Ilustrasi]
--- 91 ---
[...bi] | kaya ngapa lah yayi Panendran | kang mungsuh mangke praptane | alami akêkuwu | ing Banonbang kang dèn pondhoki | kaya pa sri nalendra | tan arsa amanggut | wartane kang parangmuka | pan lêksana prawira wani tur yoni | atêguh măndraguna ||
23. pakuwone tan amawi biting | awêtara sikêpe salêksa | apunjula nora akèh | sang aprabu ing Wangsul | nganti apa tan mangsah jurit | kala Pabeyan rusak | para gêdhe rêmpu | pêradene[109] sri nalendra | maksih eca têka nora pulih gêtih | paran karsane nata ||
24. sira Gêdhe Panendran nauri | kakang Tubabi ingong wêtara | yèn mungsuh salêksa bae | arsa bêdhah ing Wangsul | ing kasape ingsun wêtawis | balangana ing kopyah | wong salêksa gêmpur | măngsa têkaa nagara | rajèng Bali asugya bala prajurit | lêmbute sak pawikan ||
25. lan maninge nêgara ing Bali | wartanipun kala kina-kina | tan kadi mangke gêmahe | jênênge sang aprabu | langkung gêmah nêgara Bali | murah sandhang lan pangan | tulus kang tinandur | têluk sakèh parangmuka | lan malihe prajurite mêksih urip | dipati ing Liyangan ||
26. alon mujar Ki Gêdhe Tubabi | adhi Panendran ujaring jăngka | manira parentah bae |
[Ilustrasi]
--- 92 ---
benjang nêgara Wangsul | lamun ana nalendra luwih | asêkti măndraguna | angrèh para ratu | lan malihe sugih garwa | nora lami bêdhahe nêgara Bali | malah ratune sirna ||
27. mênèk yayi mangke anauri | sakathahe nêgara dèn bêdhah | ujare ing petangane | Gêdhe Panendran amuwus |[110] wong pênyakit ingkang metangi | dhêdhukun kêna tulah | wong mujum[111] kapaung | layak kinarya jajalan | gustèningsun sang prabu anyakrawati | nalendra tanpa sama ||
28. kawarnaa sira kang lumaris | ingkang mundhi nuwala punika | Ki Răngga banjur lampahe | bêkta sikêp nêm atus | apan sami nitih turanggi | tan ana ingkang dharat | lampahe lêstantun | prapta ing Sapigumarang | wong nêm atus sadaya angrampit biting | Jayalêksana ngarsa ||
29. apan kagèt Ki Gêdhe Tubabi | amiyarsa ature kawula | kadi sinêndhal manahe | asru dènira muwus | wong ing ngêndi sira takoni | apa wong ing Cangcangan | ingkang lagi rawuh | utawa wong Băndayuda | sumawona bature Lumajang prapti | miwah wong Pajarakan ||
30. Dêmang Jayalêksana nauri | apan ingsun dudu wong Lumajang | dudu wong Băndayudane | mênawa sira tanbuh | wong Ngurawan ngaturi tulis | ingsun ingkang ngutusan | maring Prabu Wangsul | ingsun ajaluk dêdalan | dèn akêpbat bêdhahên jagangmu iki | mundur buntoni marga ||
24. Durma gumanti
1. asru mujar sira Ki Gêdhe Panendran | lawan Gêdhe Tubabi | sugal wuwusira | tanpawèh sira liwat | yèn sira ngaturi tulis | mring gustiningwang | ingsun ingkang nampani ||
2. ingsun dhewe kang ngaturakên nuwala | antènana ing ngriki | aran sira mêngsah | mênawi gawe gita | angamuk ing păncaniti | lintang bramantya | Ngabèi Yudapati ||
3. awèh ora apan aku mêksa liwat | tan awèh sun lumaris | awèha sun liwat | apa anganti sira | jagangmu sun obrak-abrik | yèn ingsun kurda | jagangmu mêngko gusis ||
4. kina mila wong Bali kirang dêduga | wantêr tur wani mati | dupi amiyarsa | wuwuse Yudapatya | anuli bendrongi bêdhil | sarta lan surak | wong Ngurawan tan gingsir ||
5. wong Ngurawan apan durung ana mapan | kudane akèh mati | ana ingkang tiba | dene kudane gilap | lapake wêdi ing bêdhil | sukune kuda | akèh atigas pancing ||
6. asru mujar Ki Dêmang Jayalêksana | sakèhe batur mami | aja ngeman kuda | jaran kinarya apa | pirabara yèna iki | sok si bêdhaha | Sapigumarang iki ||
7. wong nêm atus padha nguculakên kuda | sakèhe wong ing Bali | padha ngambil kuda |
--- 93 ---
wênèh arêrêbutan | padha bature pribadi | sawênèh ana | bêdhah bitinge iki ||
8. mingêr ngalor Ki Dêmang Jayalêksana | ngirit wong kalih biting | ngulari kang rata | sarwi asikêp kampak | kotbuta tandange sami | sarêng nêrajang | binendrong lawan bêdhil ||
9. mingêr ngidul Ki Yudapati nrêrajang | ngirit wong kalih biting | mrih marga kang rata | sarwi asikêp kampak | kadi rasêksa ngajrihi | sarêng nêrajang | angrangsang balowarti ||
10. mingêr ngulon Ki Răngga Jayasantika | ngirit wong kalih biting | ngulari kang rata | sarwi anarik pêdhang | kadi saradula wani | sarêng nêrajang | sami angrampit biting ||
11. ramening prang ingkang êlor anêrajang | sarêng angrangsang biting | kang êlor binotan | ingkang kidul nêrajang | wus bubuh kang balowarti | kidul binotan | kulon ora ngabêri ||
12. sampun bêdhah bitinge Sapigumarang | kapanggih padha wani | tumbak nora ketang | bêdhil tan karumatan | arame kêris-kinêris | kadi ampuhan | sambate wong kang kanin ||
13. sampun gêmpur wong Bali pating gulasah | akèh longe kang mati | pan pating sulayah | wangke sungsun atumpang | akèh
[Ilustrasi]
--- 94 ---
mati balowarti | sawênèh ana | tiba jawine biting ||
14. kaya buta Ki Dêmang Jayalêksana | angamuk ngowak-awik | akèh ingkang pêjah | ana ingkang kabranan | Angabèi Yudapati | kadi rasêksa | angamuk ngobrak-abrik ||
15. sumawona Ki Răngga Jayasantika | pangamuke mangukih | Ki Gêdhe Panendran | apan sampun palastra | miwah Ki Gêdhe Tubabi | sarêng palastra | angêrbut balowarti ||
16. bubar larut kang baris Sapigumarang | siji tan ana kari | Ki Gêdhe Panendran | kang matèni punika | Angabèi Yudapati | Jayalêksana | matèni Ki Tubabi ||
17. bubar larut tan ana măngga puliha | waos bêdhil kèh kari | Răngga Jayasantika |[112] amanggut kang nuwala | tan kandhêg dènnya lumaris | agêgancangan | ingiring wong nêm biting ||
18. kawarnaa sira pun Gagak Kêlana | lawan Dhangdhang Minangsi | Kuntul Wilantênan | ingkang sangking Banonbang | prapta ngarsane ki patih | atur uninga | lir dhangdhang mêlasasih ||
25. Pupuh Dhangdhanggula gumanti
1. matur alon pun Dhangdhang Minangsi | lampah kula sangking ing Banonbang | atur uninga wiyose | yêktos yèn mêngsah rawuh | ing Banonbang kang dèn pondhoki | Sudimara kabahak | ing Talsèwu [Ta...]
[Ilustrasi:] Srat katur.
--- 95 ---
[...lsèwu] gêmpur | wêtawis tiyang salêksa | dêdamêle prajurit kang lagi prapti | langkunga datan kathah ||
2. sakêlangkung dènira asêti | Ki Kêlana Anjayakusuma | tan mawi biting pondhoke | anênggih rabinipun | kang binêkta nglurug ing Bali | putri sangking Cêmara | suwarnane ayu | wasta Dèwi Surèngrona | yèn dinulu warnane lir widadari | èsmu kêras widigbya ||
3. anging kawula atur upêksi | Ki Kêlana Anjayakusuma | sampun lumampah dutane | mawi layang pêpucuk | yogya katur ing sri bopati | punggawane têtiga | nênggih kang ingutus | pun Răngga Jayasantika | sumawana Angabèi Yudapati | Dêmang Jayalêksana ||
4. lagi eca atimbalan angling | pan kasaru Kalanadhah prapta | atur uninga wiyose | matur ing Menak Agung | yèn Ki Gêdhe Tubabi mati | lawan Gêdhe Panendran | pan sami kasambut | marmaning sangking palastra | pan angandhêg dutane ingkang prajurit | lêbur Sapigumarang ||
5. kagyat nalane rêkyana patih | byar rahina ki apatih seba | wus prapta pagêlarane | pêpêk punggawa agung | sumawana para dipati | myang abdine pra mănca | panglima ing ngayun | prajurit lan ulubalang | sumawana măncanêgara kang prapti | sadaya sami seba ||
6. Adipati Băndayuda prapti | sumawana Adipati Pajang | kidul kitha pakuwone | ing Pajarakan rawuh | Adipati Cangcangan prapti | mondhok wetane kutha | ing Purwăngga rawuh | Pranggunan lan Sidapêksa | sumawana
[Ilustrasi]
--- 96 ---
Lobawang Sandiwaringin | mondhok saloring kitha ||
7. pêpêk kabèh pra punggawa nangkil | sakathahe kang para dipatya | lir tamansari warnane | datan kawarna ngênu | Patih Jayaasmara nangkil | pêpêk măncanêgara | sadaya supênuh | mujar Dipati Liyangan | kaya ngapa sakèhe para dipati | nora nana prayitna ||
8. nora nana ngaturi upêksi | nêgarane kambah parangmuka | lah padha balika kabèh | ya mupung gêsang ingsun | besuk mêngko ingsun kêmbari | cacak Jayaasmara | mêngko sampun sêpuh | tan ajrih mati ing rana | eman bae wibawa dadi pêpatih | kabèh padha balika ||
9. sakathahe kang para dipati | apan sami konjêm ing pratala | kaya mangkana ature | sadrah pinara sèwu | nora sêdya nora angimpi | lamun amaliha tingal |[113] ing Sang Prabu Wangsul | nora angraos ngawula | aprasasat juwata kang asung urip | Prabu Jayalêngkara ||
10. marmanipun tan atur upêksi | langkung dhêmit ingkang parangmuka | tan katawis ing lampahe | datan angrusak dhusun | tan angambil kêpbo lan sapi | mila tan kauningan | kang mêngsah duk langkung | kawula tan mirsa warta | sarêng mêngsah ngancik jajahane Bali | amakuwon Banonbang ||
11. tansah tadhah dukane nêrpati | kawula prapta tan mawi bala | kasusu ing timbalane | mangke purun ingadu | lamun wontên karsa nêrpati | amanggut wong Ngurawan | mêngsah ingkang rawuh | ingkang makuwon Banonbang [Bano...]
[Ilustrasi]
--- 97 ---
[...nbang] | kang awasta Kêlana Jayadiluwih | baya age panggiha ||
12. Patih Agung prapta matur aris | mring Ki Patih Anjayaasmara | atur kawula wiyose | nuhun duka wong agung | mugi katur dhatêng nêrpati | lamun tamian duta | paran karsanipun | dene amawi nuwala | inggih kèndêl jawine kitha kang prapti | amakuwon Banjaran ||
13. tansah gupita ingkang anangkil | sri nalendra miyos siniwaka | munggèng ing singasanane | wus pinarêk sang prabu | ing dhêdhampar êmas ingukir | lir Yang Asmaraning rat | citrane sang prabu | ingayap dene wanodya | padha putri kang sami ayu rêspati | ambêkta upacara ||
14. èsmu kèmêngan sri narapati | anging sinamur amanah duka | nênggih kang dadi galihe | dene mungsuh kang rawuh | sakêlangkung maras kang galih | Prabu Jayalêngkara | anging dipun samur | marmane maras kang nala | dene mungsuh prawira têguh tur sêti | kuncara măndraguna ||
15. ăngga kanglong[114] lir êmas sinangling | cahya mancur alindri tur nawang | yèn tinon asung wirage | dhasar nalendra bagus | idêpira tumênggèng ngrawit | alis angroning imba | kang tênggêk umanglung | kesya panjang andrawila | sêsinome angrok manise pan nitis | kadi saroting[115] surya ||
16. grana rungih dinulu awingit | lathi samun kengis wajanira | asawang madu manise | netra anunjung biru | yèn dinulu tingal awêning | yèn sang prabu tumingal | lir tètèsing juruh | prihatinira nalendra | pan katawis wêdana wênês alindri | lir
[Ilustrasi]
--- 98 ---
sasi kapanglongan ||
17. jaja wijang yèn tinon awingwing | ingkang bau pan kadya gandhewa | angri tanjang darijine | kênakanira alus | pan asawang maniking warih | lamun amawi têngah | sapêkêg gêngipun | kasongan agringing nala | yèn sinawang kadya pêpêsa kaèksi | lir asmara sungkawa ||
18. angandika alon sri bopati | hèh Sèbêtan sira timbalana | yayi êmas dipun age | lawan Si Bapa Agung | aja kari si paman patih | aran Jayasasmita | lawan paman Cau | wotsêmbah Nyai Sèbêtan | lampahira wus prapta ing păncaniti | kabèh wus tinimbalan ||
19. sampun prapta ngarsane nêrpati | ki apatih pan sakawan pisan | sang prabu pangandikane | kapriye Bapa Agung | sakathahe măncanêgari | apa wus padha prapta | kang têluk maringsun | Bapa Agung rose manah | bokmênawa parangmuka sêlak prapti | prajurite Ngurawan ||
20. alon matur Ki Agung wotsari | pêpêk sagung kang para dipatya | sadaya asohan kabèh | nanging sami kasusu | sami tilar sikêping jurit | dene mawi timbalan | milane kasusu | ature para dipatya | benjing mangke wani tinandhing ajurit | lawan wong Bauwarna ||
21. lampahipun pun Dhangdhang Minangsi | ingkang nêlik sangking ing Banonbang | sampun waskitha lampahe | garwane ki tumênggung | mung satunggil panduka aji | putri sangking Cêmara | warnanipun ayu | aran Dèwi Surèngrana | kinakudang yèn putri ayu prajurit | rêmêne nitih
[Ilustrasi]
--- 99 ---
rata ||
22. gajahipun dewaji satunggil | turanggane kathahe têtiga | amung sawiji agême | inggih gamêlanipun | patang rancak kathahe singgih | dhuwungipun têtiga | nênggih ki tumênggung | cêcothènipun lêlima | sapunika ature Dhadhang[116] Minangsi | langkung dene waspada ||
23. gêgamane dewaji akêdhik | pan salêksa kathahe sadaya | mung gangsal èwu bêdhile | wontêna langkungipun | datan kathah yèn winitawis | Prabu Jayalêngkara | asuka gumuyu | prajurite wong Ngurawan | misih mêskin kang arsa bêdhah ing Bali | pêrabote sapala ||
24. kaya ngapa warnane prajurit | lan sêpuhe pan wayah sapira | kaya ngapa pamulune | matur pun Menak Agung | yèn ature Dhadhang Minangsi | dêdêgipun pidêksa | dinulu angrangkung | wêdana amindha wulan | rema mêmêk pamulu ambêngle keris | bagus lir Yyang Asmara ||
25. aturipun pun Dhadhang Minangsi | sing asêpuh aklayan panduka | kakang adhi wêtawise | asêpuh ki tumênggung | kadya anèm panduka aji | kaota datan kathah | sang prabu gumuyu | prajurite wong Ngurawan | durung ungsum kang arsa bêdhah ing Bali | ki ngantèn nêdya apa ||
26. baya ginanjar arabi putri | ki tumênggung mring Prabu Ngurawan | dene kalintang wanine | anglurug maring Wangsul | apan durung luwas ing gêtih | nêdya mati ing rona | iku èsêm ingsun | prajurite wong Ngurawan | durung ungsum maksih anèm wani mati | besan Jayakusuma ||
27. kala prapta Si Dhadhang Minangsi | kang
[Ilustrasi]
--- 100 ---
prajurit kapanggih punapa | duk anèng ing pakuwone | lan apa kampuhipun | lawan apa ingkang sinandhing | anulya awotsêkar | sira Menak Agung | akampuh sawat rinêngga | ki tumênggung asabuk pathola wilis | anabuh gambang găngsa ||
28. punggawane andhèr anèng ngarsi | sami anggêbêg sênjata lanang | wontên kang karya mimise | nênggih radèn tumênggung | rèrèn dènnya wau anggêndhing | anêgari turăngga | sarwi sikêp lawung | saudhune sangking kuda | ki tumênggung asumping sêkar mêlathi | anabuh gambang găngsa ||
29. ngandika malih wau rajèng Bali |[117] garwanipun putri ing Cêmara | kapanggih apa gawene | lan apa sinjangipun | sumawana sêpuhe singgih | lagya wayah punapa | garwane tumênggung | Ki Agung matur wotsêkar | yèn ature gusti pun Dhangdhang Minangsi | lintang dene waspada ||
30. kusuma di ing Cêmara singgih | pan kapanggih asare ing pangkyan | amaos kidung layange | rêspati têmbang gambuh | syaranira lir madugêndhis | tansah kantu mêmaca | sinasiwo kakung | sêngkang bapang sinamiran | rema pusêk kêpbêg gambir lan mêlathi | sinjang cindhe jêlamprang ||
31. yèn ature pun Dhangdhang Minangsi | tuhu ayu Dèwi Surèngrana | gandêrs luwês sapolahe | sêmbada dêdêgipun | kuningipun lir mas sinangling | yèn ngandika alantas | sada[118] wani kakung | ana dhasare widigbya | èsmu kêras gandhang lantip mêsajani | amupugi ing aguna |[119]|
32. alon mèsêm Sri Bopati Bali | Ki Tumênggung Anjayakusuma | baya agêdhe kayane | ana pratandhanipun | rabinira milu ngêmasi [ngêmas...]
[Ilustrasi]
--- 101 ---
[...i] | dèn wuruk ngèlmu tapa | maring ki tumênggung | wanodya kudu kangtawan[120] | kaparênga ing benjang ingsun têtangis | răndha nome Ngurawan ||
33. Ki Patih Agung matur wotsari | dhuh dewaji anuhun dêduka | atur uninga wiyose | kala ing wingi dalu | apan wontên caraka prapti | mondhok jawine kitha | dutane kang mungsuh | amakuwon ing Banjaran | kang pinundhi nuwala pêpucuk gusti | yugya katur nalendra ||
34. atur uninga malih dewaji | Gêdhe Tubabi Gêdhe Panendran | sarêng palastra kalihe | marmine sami lampus | punang duta dipun adhangi | awêkasan kang duta | asêsaroh[121] amuk | wong nêm atus sarêng mangsah | pêrandene wong nêm atus tan kalindhih | gêmpur Sapigumarang ||
35. angandika sang nata ing Bali | yèn mangkono si paman Panendran | wong tuwa nistha patine | tan ana pakoningsun | punang duta dipun sabili | jamake sinebakna | caraka maringsun | Bapa Agung paran karsa | apa ingsun prayogane amanggihi | maring dutane mêngsah ||
36. alon matur sarwi awotsari | dhuh pukulun sang dewa bathara | atur kawula wiyose | pan salokaning ratu | pan kapanggih tigang prakawis | nistha madya utama | dewaji pukulun | kapanggih ing nitipraja | lamun ratu nisthanipun amatèni | mring dutane nalendra ||
37. utamane nalendra dewaji | nimbalana caraka kang prapta | nênggih gusti utamane | sawuse layang katur | ingkang duta ginanjar gusti | myang pinaringan busana |[122] utama pêpukulun |[123] lamun panduka panggya |[124] pan kuciwa ujare saloka gusti | dewaji awakila ||
38. wakil panduka ing benjing dewaji |[125] sinebaa ing para punggawa | pinarak pagêlarane | akèh gunaning mungsuh | milanipun sae tinangkil | Prabu Jayalêngkara | alon dènnya muwus | iya bênêr ujarira | baya sira Agunge wong jaman dhingin | êndi mongmonganira ||
39. sri bopati angandika aris | yayi Patih Anjayaasmara | sira sadulurku dhewe | mung sira ariningsun | kang prayoga ngong karya wakil | sakèh kaprabon ingwang | grudha marêp mungkur | kêlatbau gêlang kana | sakathahe sira anggea ta yayi | sinebaa ing bala ||
40. ki apatih anulya wotsari | aturira pan èsmu karuna | anuhun duka wiyose | langkung ajrih pukulun | yêkti agêng sêrik nêrpati | kêna ing ila-ila | dewaji tan purun | anuhun duka nalendra | langkung ajrih angangge tilas narpati | mendah dukane dewa ||
41. angandika alon sri bopati | apan sira yayi sun apura | panêdhaningsun wiyose | luputa ariningsun | sakathahe ing tulah sarik | muga ingapuraa | juwata kang luhung | amung sira kadang ingwang | yèn lênggana sira ingsun supatani | tan arsa ngaku kadang ||
42. awotsêkar sira èsmu tangis | Ki Apatih Anjayaasmara | nuhun sandika ature | sira pun Menak Cau | pan marêngut tur mungkur gangsir | alara manahira | dene tan tinantun | amicara ing jro nala | panêdhaku Si Agung gêlisa mati | pinangana ing buta ||
43. aran ingsun kinarya pêpatih | saenggane bau têngên kiwa | jamak tinari [tina...]
--- 102 ---
[...ri] karone | anggung gawe Si Agung | kang tinari dene nêrpati | ingong măngsa wêdia | pangwulane ratu | sun anggurit kakêmbangan | malah mandar sinaruwea nêrpati | kalih pada kewala ||
44. bagus anom jaka wong atali | têka pantês kopyah kanigara | mas kinikir sêsumpinge | tênggêk anglunging gadhung | kampuhira limar giyanti | gumuyu wong angraga | nêmbang jurudêmung | duka Sang Prabu Sètmata | wong atali wus mati kinacêp piring | anyudêl[126] lan bok soka ||
45. kumawawa kudu năngga langit | ujar angkuh pulir kadhuyuhan | sok ngorok-orok gawene | ni răndha wong arumput | sêkar dingan padha anangis | kapapak bok kênonga | têka sungsung guyu | lumayu Jaka Jêlamprang | cinêngkalak cinandhak anèng wandani | anyundêl pacar wutah ||
46. sri bopati angandika aris | ya Ki Cau amung sira uga | ingkang sun kasihi dhewe | lair maring Ki Agung | sira Cau kang ingsun batin | Ki Cau malangkadhak | sarwi lêngguk-lêngguk | angur matia duk jabang | yèn kalaha angawula rêbut jodhi | aku kalawan sira ||
47. pan Ki Cau astane kumitir | darijine kêbêk ing kalpika | pating kurincing syarane | kabèh wakêt rosipun | datan kêna ginêgêm singgih | kêrantêne yèn amangan |[127] tan bisa amuluk | jêmpol sikil karo pisan | pêrandene sami dèn alèn-alèni | intên kalawan mirah ||
48. lan malihe irung dèn karahi |
[Ilustrasi]
--- 103 ---
mas sêlaka ingkang kinarya |[128] pinatik ing mirah akèh | rinênggèng ing karêpu | sapolahe angêmaruki | yèn Ki Cau lumampah | irung ting pêlancur | agawok sakèh tumingal | yèn tumungkul irunge pating parêlik | lir rêtna mulêt ing grana |[129]|
49. adarbe intên mirah kêkalih | angsalira angrenah sudagar | dèrèng dadi êmbanane | pêrandene tan kantun | arsa dipun tilara singgih | prandene tan pracaya | maring rabinipun | dèn kandhut mênawa ilang | kêrantêne dèn êmut rahina wêngi | tansah tutup wêdona ||
50. aluwaran dènira tinangkil | Sri Bopati Anjayalêngkara | wus manjing ing kadhatone | ingiring para arum | ingkang sami ayu rêspati | Patih Jayaasmara | tinambalan[130] sampun | kinanthi manjing ing pura | tênagane kaya sata amèmèti | sarwi anyèrèt konca ||
51. patih katiga pan sampun mijil | pagunêman anèng pagêlaran | lan para dipati kabèh | apan tinata sampun | ingkang baurêksa nêgari | sagung para dipatya | kinon saos sampun | sakapraboning ayuda | sumawana wau ta ingkang tinuding | amondhongi kongkonan ||
52. ênêngêna sang nata ing Bali | kawarnaa kang kinarya duta | kèndêla lawang sakèthèng | mila lampahe kantu | nganti timbalane nêrpati | Dêmang Jayalêksana | angaturi laju | anging Ki Răngga tan arsa | sadêlanggung tan pêgat amêrês budi | kinukur wêntisira ||
26. Pupuh Pangkur ingkang kinarya ganti
[Ilustrasi]
--- 104 ---
1. mujar Ki Jayalêksana | kakang Răngga kaya pa lampah iki | kalane mangkat karuwun | sangking pondhok Banonbang | têngah dalu kakang Răngga gupuh-gupuh | mangke têkèng ing wêsana | atêmahan walanggalih ||
2. nêdha laju kakang Răngga | sêdayane malêbua ing Bali | amondhok ing alun-alun | sampun kèndêl ing marga | pan mênawi inguntap maring wong Wangsul | Ki Răngga Jayasantika | mèsêm sarwi muwus aris ||
3. apakewuh yayi dêmang | ya ratune wong Bali lintang wingit | anganti timbalanipun | aja amurang krama | Yudapati angucap sarwi abêkuh | kang Răngga kakehan solah | besuk wani mêngko wani ||
4. lah payo kakang lumampah | arsa age wêruh kêdhaton Bali | upama kêna sêsiku | têmahan sinikara | aku wani aja na wong milu-milu | sadaya layang katura | marang sang prabu ing Bali ||
5. nisthane wong dadi duta | yayi dêmang nênggih tigang prakawis | kapisan layange katur | kaping kalih tinampan | kaping tiga pinaringan angsul-angsul | andhap asor sumadosa | yayi wong kuciwa bumi ||
6. lah kajêng[131] pangeran iya | Ki Tumênggung Jayakusuma luwih | kasusra prajurit luhung | prawira măndraguna | kêrantêne aja tiwas kang ingutus | lamun pun kakang tiwasa | pêsthi lingsêm ki dipati ||
7. agampang wong papêrangan | nora angèl yayi wong gênti kêris | utamane wong ingutus | yèn têluk parangmuka | aja kongsi awêrana aprang pupuh | amerang Jayalêksana | tumungkul Ki Yudapati ||
8. Ki Tumênggung Karungkala | wus kapêthuk kang arsa amondhongi | asru dènira amuwus | caraka ing Ngurawan | pêkênira tinimbalan ing sang prabu | Ki Răngga matur sandika | sakadehane angiring ||
9. ingkang amanggul nuwala | wau sira Ngabèi Yudapati | Dêmang Jayalêksana sampun |[132] amayungi nuwala | pan Ki Răngga Jayasantika nèng ngayun | angawin punang nuwala | wong nêm atus ajajari ||
10. sami awahana kuda | datan kandhêk lampahe ingkang lumaris |[133] prapta ing jro kitha sampun | orêg wong sanêgara | agêng alit atembak pinggir lêlurung | basane arsa tumingal | duta Ngurawan kang prapti ||
11. sakathahe kang tumingal | apan sami micara ing jro ngati | wong Ngurawan bagus-bagus | sapolahe sêmbada | wong ing Bali tênagane kaku-kaku | nadyan padha abagusa | wong luwês akèh kang asih ||
12. datan kandhêk lampahira | prapta ngarsa lampahe kang lumaris | Jayasantika tumurun | sangking luhur turăngga | Yudapati Jayalêksana tumurun | pan sami atilar kuda | tan kandhêg gènnya lumaris ||
13. Jayasantika nèng ngarsa | tindakira kadi macan angêlih | apantês kampuhe gadhung | rinêngga ing pêrada | sumping mênur apaningsêt tali datuk | ngangge kêris panji sêkar | ukiran cula sinêmi ||
14. rema bontit andhan-andhan | bêrngos lèmèt kadi yayah minangsi | adhangah lamun lumaku | solahe lir mênjangan | tautate kinedanan ing bêbakul | sêmune lamun sinawang | layake awani mati ||
15. Ki Dêmang Jayalêksana | kampuh
--- 105 ---
rojèng pinêrada tulya sri | akêris carita bisu | ukirane kêncana | mas siningi rineka buta kalurung | gênge sak golèk kêncana | asabuk cangak mantêsi ||
16. sariranira nêmbaga | babêrngose kakop tingale andik | yèn lumaku kadung-kadung | sumping dalima wantah | agêng inggil ragok-ragok yèn dinulu | sarêgêp ingadu aprang | tate ngrangsang balowarti ||
17. Ki Yudapati lumampah | yèn tumindak kaya ngobahna bumi | akampuh polèng bintulu | asabuk bêbêgdhogan | agêng inggil salira angula dumung | akêris parung buntala | ukiran êmas sinangling ||
18. rineka buta Balitar | kadi golèk sêmbada lan kang mangking | godhèg wok mata têtuhu | pupu gangsir wang malang | surèngrana prawira tur têguh timbul | tate agupak ludira | tau kuramas jêmparing ||
19. kawarnaa kang sineba | rajèng Bali sang prabu asêsilih | miyos sineba sang prabu | pinarêk pagêlaran | amakutha grudha marêp grudha mungkur | ajamang mas kinatipa | agêlang kana kinêmit ||
20. pêpêk sagunging busana | kilatbau[134] apênding acêlumpring | kêpbo mênggah akêkalung | sumping êmas ginubah | rumbing êmas pinantèk nila jumêrut | sirna kamanungsanira | nêrpati kang dadya wakil ||
21. andhèr ingkang upacara | banyakdhalang kalawan sawunggaling | ardawalika kêkacu | lêlancang kêndhaga mas | sumawana lantaran cêcêp mas luru | songsong jêne munggèng wuntat | abungkul maniking warih ||
22. waos panjang panuwêkan | dhadhap kalêm wêrgu waos pênjalin | sami rinênggèng mas luru | tan adoh lan sang nata | kang abêkta sami wanodya yu-ayu | ingkang rumêksa ing baya | atêbih gènnya jajari ||
23. awêtara kawan dasa | kang asikêp parise pêdhang tamsir | sami rumêksa sang prabu | aran wong wanèngbaya | kanan kèri waos panjang patang puluh | sami asopal kêncana | kang nyêkêl wong surèngpati ||
24. awêtara kawan dasa | kang asikêp tamèng kalawan lêmbing | kantar bungsur lawan tulup | ingkang anèng ing wuntat | kang anyêkêl pan sami wong jayèngkewuh | prajurit para dipatya | sadaya pêrnahe têbih ||
25. pêpêk sagunging punggawa | sumawana kang para senapati | prajurit para tumênggung | para gêdhe panglima | sami pêpêk kang sewaka ing sang prabu | kadi sêgara bêlabar | andhèr sangking ancak[135] suji ||
26. Ki Patih Jayasasmita | akalihan Răngga Wirêksèngbumi | Ki Menak Agung wus lungguh | munggèng ngarsa nalendra | munggèng têngên pêrnahe Ki Menak Agung | Patih Cau munggèng kiwa | tan adoh kalawan kanthil ||
27. Ki Menak Cau busana | akulambi rangkêp tiga mantêsi | kang jêro sangkêlat wungu | rinenda ing mas abang | kancingira kêncana sasêntul-sêntul | kathahe pan kalih dasa | rinenda êmas angrawit ||
28. anênggih ing jaba pisan | apan wulung kêlambine kinardi | pan dipun bêniki sungu | amoh tur têtambalan | Menak Cau prayitna layak tiniru | yèn kang bêcik anèng jaba | aluwas kêna ing angin ||
29. ikêtipun sungsun lima | ing jro sutra kuning kinardi |[136] kaping kalih sutra wungu | ping tiga sutra [su...]
--- 106 ---
[...tra] abang | ping sakawan ikêtipun sutra dadu | kaping limane gabagan | têlakup kopyah ing jawi ||
30. yèn Ki Cau mulih seba | busanane dipun simpên pribadi | rabine tan kêna wêruh | dipun pêndhêm ing lêmah | kêrantêne akêmêl mangkak tur wêlu | sêdyane arsa awèta | amoh lapake pinuntir ||
31. pêpojènira saasta | isinipun amung sagoking[137] konci | saparane nora kantun | ginandhèng lawan konca | yèn aturu dèn ugêr kalawan pupu | arsa tinilar yèn seba | bok rabine nyagok pêthi ||
32. rada cupar sawêtara | rabinipun tinjo sanake mati | marêngut sarwi bathuthut | jinalak sinupatan | tinarêka awawuh baring wong ngrangkung | asring padu lawan garwa | pan arang wulune kocing ||
33. kagèt sang prabu ngandika | aningali maring duta kang prapti | pangurakan sampun rawuh | sang prabu angandika | Bapa Răngga sira dadi wakil ingsun | nuwala lah tampanana | duta kèndêla rumiyin ||
34. Ki Răngga wus awot sêmbah | glis lumayu Răngga Wirêksèngbumi | prapta pangurakan sampun | Ki Răngga aris mujar | hèh sang duta ingsun ingutus sang prabu | amundhut nuwalanira | sira kèndêla ing ngriki ||
35. bramatya Jayalêksana | sarwi ngawêt datan kumêdhèp kalih | asru dènira amuwus | Dêmang Jayalêksana | nora awèh sayêkti nuwalaningsun | singa ingkang nampanana | yèn dudu sang rajèng Bali ||
36. kèmêngan tyase Ki Răngga | gêpah wangsul matur dhatêng nêrpati | punapa karsa sang prabu | punang duta tan suka | kang caraka wus prapta ing alun-alun | Ki Patih Jayasasmita | tinuding dhatêng nêrpati ||
37. hèh Patih Jayasasmita | tampanana layange duta prapti | kandhêga waringin kurung | sigra rêkyana patya | awot sêmbah apan sampun lumêstantun | prapta ngarsane kang duta | angucap rêkyana patih ||
38. ingsun ingutus nalendra | anampani layang kang sira pundhi | Ki Yudapati andulu | malêlêng kaya kaca | tan kumêdhèp angawêt utu[138] ingadu | Ki Patih Jayasasmita | padha sadhela panastis ||
39. Ki Yudapati anyêntak | nora awèh singa wonga nampani | yèn dudua rajèng Wangsul | ingkang anampanana | nuwalane gustiku radèn tumênggung | Kya Patih Jayasasmita | mundur sirahe mungkirik ||
40. umatur punang apatya | kang caraka mêksa marêk nêrpati | umatur pun Menak Agung | dewaji tur kawula | kêrsanipun kang duta marêk ing ngayun | yèn anêdya ala |[139] pun Agung sanggup ngêmbari ||
41. iya patih timbalana | Menak Cau anulya marani |[140] prapta sor waringin kurung | Ki Agung asru mujar | punang duta sira ngandikan sang prabu | kang duta katêlu pisan | dutane prajurit luwih ||
42. sarèhira dadi duta | pêsthi amrih singgihe kang anuding | nora beda lawan ingsun | padha ngêrksa nêgara | pêsthi amrih singgih nalendraningsun |[141] ingkang katiga banjura | aja nganggo walangati ||
--- 107 ---
43. lampahe caraka nistha | aglis prapta ngarsanira nêrpati | maksih anjagèng pakewuh | kadar nêdya punapa | kaya dudu utusan prajurit luhung | mujar Ki Jayasantika | nêdha ngapura kiyai ||
44. sakathahe baturira | wong nêm atus kang padha anjajari | sêdaya wus kinèn mêtu | maring Jayasantika | ya ta mêdal jawi pangurakan sampun | wong nêm atus kêkubêngan | piyak punggawa kang nangkil ||
45. prapta ngarsane nalendra | maksih ngadêg sira Ki Yudapati | ya ta sang prabu ing Wangsul | kang yogya nampanana | nuwalane gustiku radèn tumênggung | kang makuwon ing Banonbang | mèsêm sang prabu sêsilih ||
46. nuwala sigra cinandhak | astanira sang prabu angungkuli | Yudapati datan asung | anulya inginggatan | nora awèh yèn andhapa layang ingsun | yèn nêrpati arsa tămpa | dèn sănggaa asta kalih ||
47. sang nata langkung ruditya | wêdana bang rêngat lir wora-wari | padone lathi kumêdut | idêp mangada-ada | sri bopati dhuwunge tansah sinikut | Ki Menak Agung agêpah | amêngkul umatur aris ||
48. dewaji atur kawula | ingandhapan wêkasane ainggil | sakarsanipun tinurut | sang nata nulya tămpa | asta ngandhap nuwala munggèng ing luhur | caraka wus sami lênggah | anging nora angabêkti ||
49. sang duta wus tinakonan | kêkasihe sami matur sayêkti | amuwus Ki Menak Agung | punang duta mundura | amondhoka anèng Banjaran ing
[Ilustrasi:] Srat katur rajèng Bali.
--- 108 ---
dangu | anging poma antosana | wêwangsule panduka ji ||
50. sampun lèngsèr punang duta | sakathahe mantri punggawa Bali | pan sami gawok andulu | tan ana angartika | aningali kang duta kang lagi rawuh | dene kalintang prawira | dènira amundhi tulis ||
51. Ki Răngga Jayasantika | lampahira tansah anolih-nolih | aningali ing sang prabu | têka kathah kêrasa | pan Ki Răngga lampahira mandhêg mangu | satêkane pangurakan | tanbuh duk waspane mijil ||
27. Pupuh Mijil ingkang gumti[142] ing têmbang
1. alon wêcana lir madugêndhis | sang aprabu tiron | Biyang Sèbêtan aturna age | punang nuwala maring dewaji | ajrih anglangkungi | maring kang sinuhun ||
2. Ni Sèbêtan wus manjing ing puri | kocapa sang katong | kang sineba anèng pura gêdhe | sampun munggèng bangsal pangrawit |[143] sagung para putri | andhèr munggèng ngayun ||
3. kampuh jingga ya sang natèng Bali | rinênggèng pêraos | apaningsêt pathola wilise | tanpa jamang tan amawi sumping | èsmu agring galih | kadya êmas luru ||
4. grona rungih wêdana alindri | kadi sasi panglong | lathi samun arang pamuncange | salira wênês atilar guling | lir Yang Asmaraning | kang sungkawèng angkuh ||
5. mila sungkawa sang rajèng Bali | gring manah sang katong | dene kang mungsuh sêti wartane | ingkang aran Jayakusuma di | tan katarèng lair | sinamur ing guyu ||
6. kêrantêne sagung para putri | tansah agêguyon | padha eca agamêlan bae | yèn asore ya olah wêwangi | padha ting jarêmpling | sami maca kidung ||
7. Nyi Sèbêtan wau sampun prapti | ngarsane sang katong | atur nuwala sarta sêmbahe | sang prabu sigra anampani |[144] kalingane iki | layange tumênggung ||
8. ingkang nuwala wus dèn ungkapbi | anuli winaos | sampun kèsthi nuwala ungêle | têka mèsêm sang prabu ing Bali | èsême awadi | ing nala arêngu ||
9. angandika sang prabu ing Bali | ing wêtaraningong | layang iki wong loro kang gawe | antuking wong jalu lawan èstri | ingkang amiwiti | layak ki tumênggung ||
10. kang anulis iki kang sapalih | layak ingkang wadon | pan katara ing ulu sukune | baya tinulis ing tilamsari | bari akaron sih | layak ki tumênggung ||
11. angandika Sri Bopati Bali | ingsun atêtakon | pira kathahe wau mantrine | sapa arane kang mundhi tulis | anulya wotsari | Ni Sèbêtan matur ||
12. amung tiga kathahe dewaji | caraka kang kinon | Răngga Jayasantika wastane | bêrngos lèmèt lir yayah minangsi | asumping mêlathi | pidêgsa dinulu ||
13. kampuhipun pan gadhung rinukmi | rinênggèng pêraos | lir mênjangan ing wau polahe | rema bontit tumiba ing gigir | sêmune andhêmit | layak wani kewuh ||
14. kang satunggil pan agêng ainggil | abêrngos sêserop | Dêmang Jayalêksana [Jayalê...]
--- 109 ---
[...ksana] wastane | akampuh rojèng sinora-sari | solahe lumaris | têka kadung-kadung ||
15. sarirane anêmbaga abrit | waja blah kadhaton | kadi topèng băngsa wêdanane | asumping dêlima wantah asri | sêmune ngajrihi | layak wani mungsuh ||
16. kang satunggil inggih agêng inggil | godhèg abêbêrngos | lir tuhu yèn tinon netrane |[145] uwang malang tur pupu gangsir |[146] pamulune wani | awak ngula dumung ||
17. kampuh polèng bintulu ngajrihi | sêmune awongwong | Angabèi Yudapati rane | asumping kanigara mantêsi | kawula wêtawis | layak têguh timbul ||
18. Prabu Jayalêngkara ing Bali | ana kang kêraos | kala maksih ing jaman kunane | tatêkone kêrasa ing ati | amicorèng galih | tan kêtarèng tutuk ||
19. dhingin ki putra seba Kêdhiri | maring rama katong | kala ingsun maksih padha rare | wulucumbune loro angiring | kadeyane iki | kathahe têtêlu ||
20. wulucumbune ingkang kêkalih | ngawula maringong | lagi mêngko maksih anèng kene | kang têtêlu wus asalin gusti | sagone angapdi | maring ki tumênggung ||
21. ingkang kuning yèn ingsun wêtawis | duta ingkang rawoh | iya uga iku kadehane | wong jaman kuna kang sampun mati | Ki Pamade bontit | panjang tênggêkipun ||
22. kang nêmbaga awake abrit |[147] ing pangraos ingong | kaya Ki Punta iku warnane | kadehane ingkang sampun mati | abang ingkang warni | Ki Punta karuhun ||
23. ingkang irêng yèn ingsun wêtawis [wêta...]
[Ilustrasi]
--- 110 ---
[...wis] | raose tèningong | iya uga iku kadehane | wong jaman kuna kang sampun lalis | Ki Kêrtala dhingin | awak ngula dumung ||
24. nanging ingsun rasa-rasa malih | raose tèningong | bokmênawa mêmadha warnane | yèn kadehane wong jaman dhingin | kaya nora apti | ngawula tumênggung ||
25. saya karasa sang rajèng Bali | dènira atakon | Radèn Inu kang dados galihe | ingkang sampun jinêmpana ngangin | ingkang tan kêtawis | kinanthi ing guyu ||
1 | Roning. (kembali) |
2 | winurcita. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: ratu luwih Prabu Anjayalêngkara. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: sangking loba nêrpati. (kembali) |
5 | kêthi. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: atur putri apan wus ingakên garwa. (kembali) |
7 | lêbak. (kembali) |
8 | Karungkala. (kembali) |
9 | netra. (kembali) |
10 | tinaturrêngga. (kembali) |
11 | Kurang satu suku kata: ukiran cula sinêmi. (kembali) |
12 | jaluk. (kembali) |
13 | nyênyumbang. (kembali) |
14 | pinundhut. (kembali) |
15 | panyogok. (kembali) |
16 | pambungkul. (kembali) |
17 | Cau. (kembali) |
18 | carêmêt. (kembali) |
19 | angêdên. (kembali) |
20 | panggêdhêk. (kembali) |
21 | Halaman 59 sampai dengan 62 tidak ada. (kembali) |
22 | Kurang dua suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
23 | Kurang empat gatra: ke-6 (8u), ke-7 (7a), ke-8 (8i), dan ke-9 (12a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
24 | Nomor pupuh ini dan bait-bait seterusnya belum tentu benar, mengingat ada 4 halaman hilang. (kembali) |
25 | Kurang tiga gatra: ke-1 (8u), ke-2 (11i), dan ke-3 (8u). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: angandika Prabu Nglêngkara Bali. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: arane sêgara tinut. (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata: agung asamar tur inggil. (kembali) |
29 | untap. (kembali) |
30 | Lebih satu suku kata: sêgara gung wontên sanggup jajagi. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: lawan malih waspada wingiting ratu. (kembali) |
32 | pangauban. (kembali) |
33 | binêbêt. (kembali) |
34 | kadya. (kembali) |
35 | mokal. (kembali) |
36 | amindhoni. (kembali) |
37 | Lebih tiga suku kata: anaria punggawa. (kembali) |
38 | Lebih satu suku kata: wadya bênêr pan amrih pinrih sisip. (kembali) |
39 | nawa. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: Kêlana Jayakusuma. (kembali) |
41 | Kurang satu suku kata: bokmênawa mêngsah angêrbut pêrau. (kembali) |
42 | wong. (kembali) |
43 | sabên (dan di tempat lain). (kembali) |
44 | Kurang satu suku kata: putri kang sangking Cangcangan. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: pêsaja tan asêngkang. (kembali) |
46 | Lebih satu suku kata: sêngkang ganggong rêspati. (kembali) |
47 | gandhês. (kembali) |
48 | sacumbana. (kembali) |
49 | andhèr. (kembali) |
50 | Cangcangan. (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata: durung kongsi cinêngkramani nalendra. (kembali) |
52 | Lebih satu suku kata: laki raja lara-lara siling apa. (kembali) |
53 | Kurang satu suku kata: lir cintaka minta warsa. (kembali) |
54 | Kurang satu suku kata: saure abisik-bisik. (kembali) |
55 | pinriyêmbada. (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata: sakèhe para padhêkan. (kembali) |
57 | Kurang satu suku kata: sami sinungan cêlathu. (kembali) |
58 | pamburi. (kembali) |
59 | Lebih satu suku kata: putri têngah tan kaetung. (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata: maring kang malêbu curi. (kembali) |
61 | ing (dan di tempat lain). (kembali) |
62 | binêkta. (kembali) |
63 | runtik. (kembali) |
64 | kantaka. (kembali) |
65 | angusap. (kembali) |
66 | cinangkramèng. (kembali) |
67 | Lebih satu suku kata: padha karia. (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: Dêmang Jalêksana. (kembali) |
69 | trus. (kembali) |
70 | Kurang satu suku kata: yayi karia ngriki. (kembali) |
71 | kanjêng. (kembali) |
72 | numpak. (kembali) |
73 | Kurang satu suku kata: si ariya warahên tumuli. (kembali) |
74 | amagut. (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata: sun ingaranan wani ing laki. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: Kêlana Jayakusuma angling. (kembali) |
77 | Kurang satu suku kata: lir bramara angosya ing sari. (kembali) |
78 | canggèhe. (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata: kusuma yu kalintang canggèhe. (kembali) |
80 | pêponjène (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
81 | angorok. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: satru arum kalawan wêwajik. (kembali) |
83 | Kurang satu suku kata: sakathahe ingkang para nyai. (kembali) |
84 | Lebih satu suku kata: juru pandom prayitna. (kembali) |
85 | têdhuh. (kembali) |
86 | buya. (kembali) |
87 | Lebih satu suku kata: Klana Jayakusuma. (kembali) |
88 | nggana. (kembali) |
89 | rana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
90 | Kurang satu suku kata: apan pêndhok mas umancur. (kembali) |
91 | Lebih satu suku kata: măngsa ingsun tegakna. (kembali) |
92 | bobote. (kembali) |
93 | Kurang satu suku kata: maring ingkang murwèng kawi. (kembali) |
94 | bosên (dan di tempat lain). (kembali) |
95 | Lebih satu suku kata: Klana Jayakusuma. (kembali) |
96 | Kurang tiga suku kata: cacahêna parabote para mungsuh. (kembali) |
97 | Lebih satu suku kata: atur durèn sawiji sisa bajing. (kembali) |
98 | cèlèng. (kembali) |
99 | Dhangdhang. (kembali) |
100 | Minangsi. (kembali) |
101 | angrêksa. (kembali) |
102 | ênêngêna. (kembali) |
103 | Lebih satu suku kata: ing Banonbang lan ing nêgari. (kembali) |
104 | Kurang satu suku kata: lêbura kadi pratala. (kembali) |
105 | Lebih satu suku kata: pinrih mêngsah tanbuh ing jurit. (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata: kakang dêmang dadiya cucuke jurit. (kembali) |
107 | Yudapati. (kembali) |
108 | Lebih satu suku kata: lyan Dèwi Surèngrana. (kembali) |
109 | pêrandene. (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata: Gêdhe Panendran muwus. (kembali) |
111 | nujum. (kembali) |
112 | Lebih satu suku kata: Răngga Jasantika. (kembali) |
113 | Lebih satu suku kata: lamun maliha tingal. (kembali) |
114 | anglong. (kembali) |
115 | soroting. (kembali) |
116 | Dhangdhang (dan di tempat lain). (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: ngandika malih sang rajèng Bali. (kembali) |
118 | rada. (kembali) |
119 | Lebih satu suku kata: mupugi ing aguna. (kembali) |
120 | katawan. (kembali) |
121 | asêsoroh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
122 | Lebih satu suku kata: myang pinaring busana. (kembali) |
123 | Lebih satu suku kata: utama pukulun. (kembali) |
124 | Kurang satu suku kata: lamun panduka kapanggya. (kembali) |
125 | Lebih satu suku kata: wakil panduka benjing dewaji. (kembali) |
126 | anyundêl. (kembali) |
127 | Lebih satu suku kata: krantêne yèn amangan. (kembali) |
128 | Kurang satu suku kata: êmas sêlaka ingkang kinarya. (kembali) |
129 | Lebih satu suku kata: lir rêtna mulêt grana. (kembali) |
130 | tinimbalan. (kembali) |
131 | kangjêng. (kembali) |
132 | Lebih satu suku kata: Dêmang Jalêksana sampun. (kembali) |
133 | Lebih satu suku kata: datan kandhêk lampahe kang lumaris. (kembali) |
134 | kêlatbau (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
135 | pancak. (kembali) |
136 | Kurang dua suku kata: ing jro sutra kuning ingkang kinardi. (kembali) |
137 | sogoking. (kembali) |
138 | untu. (kembali) |
139 | Kurang dua suku kata: yèn duta anêdya ala. (kembali) |
140 | Kurang satu suku kata: Menak Cau anulya amarani. (kembali) |
141 | Kurang satu suku kata: pêsthi amrih singgihe nalendraningsun. (kembali) |
142 | gumanti. (kembali) |
143 | Kurang satu suku kata: sampun amunggèng bangsal pangrawit. (kembali) |
144 | Kurang satu suku kata: sang aprabu sigra anampani. (kembali) |
145 | Kurang satu suku kata: lir têtuhu yèn tinon netrane. (kembali) |
146 | Kurang satu suku kata: uwang malang tur pupu anggangsir. (kembali) |
147 | Kurang satu suku kata: ingkang nêmbaga awake abrit. (kembali) |