Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 41–51)
1. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 28–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 41–51). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 52–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- 178 [lanjutan] ---
41. Pupuh Sinom ingkang gumanti
1. apan sampun kamanungsan | wau Sri Bopati Bali | nyata kusuma Mêmênang | Sêkartaji ing Kêdhiri | ingkang amalih warni | satuhune Radèn Galuh | wus sinambut ingêmban | mring Klana Jayadiluwih | ki tumênggung musna sangking pêsarean ||
2. datan kawarna ing marga | lampahira sampun prapti | pakuwon Sapigumarang | prajurit kang mondhong putri | langkung dene asêkti | kang nama radèn tumênggung | wus caos pasarean | kala wingi-wingi uni | tuhu endah kasur babut prangudana ||
3. kusuma yu ing Mêmênang | mêksih sakeca aguling | lali ing purwa duksina | wus munggèng ing kasur sari | alon tumurun aris | wau sira ki tumênggung | Răngga Jayasantika | wus wikan sêmune gusti | asung warta ing kadang kadeyanira ||
4. Jayalêksana abungah | latah-latah Yudapati | aja kakehan wicara | payo anabuh sêkati | mujar Ki Yudapati | aku dhêmên galaganjur | awayah bangbang wetan | anggêrgut Ki Yudapati | langkung bungah galaganjur abendrongan ||
5. Ki Dêmang Jayalêksana | sampun anabuh sêkati | Ki Răngga Jayasantika | sampun atêngara bêdhil | Astramiruda nênggih | anabuh bêndhe angungkung | sagung para dipatya | angrok gamêlane [gamêla...]
--- 179 ---
[...ne] muni | asrang umyang awor bêdhil ajêguran ||
6. kagèt Dèwi Surèngrana | pêpungun dènira guling | nyanane putri Cêmara | dèn arani mungsuh prapti | gupuh nyandhak jêmparing | kusuma aglis tumurun | prapta ing pêlataran | sinambut dhatêng ing laki | èsmu kagèt mèh tiba sangking pondhongan ||
7. Kêlana Jayakusuma | pamuwuse arum manis | kusuma arsa punapa | dene asikêp jêmparing | baya arsa ajurit | dhuh dasihe ki tumênggung | punang Jayakusuma | atur pati andêdasih | yusya katur sapangkon datan lênggana ||
8. matur Dèwi Surèngrona | kagèt kawula aguling | mirsa bêdhil abendrongan | maras-marase kang ati | sun nyana rajèng Bali | pukulun magut prang pupuh | dene padha bênturan | ngagèt-agèti wong guling | alon mujar Kêlana Jayakusuma ||
9. kawula nêdha ngapura | ngaturakên pati urip | Kêlana Jayakusuma | sawuse mênang ajurit | lawan ratu ing Bali | sampun katawan maringsun | kusuma di Cêmara | pan sampun dèn bêbisiki | sang dyah runtik nora kêtangra[1] ing netya ||
10. sira putri ing Cêmara | amicarèng jroning ati | Pangeran Jayakusuma | kaningayane kêpati | akathah awon mami | dadi garwane wong agung | nadyan darbea karsa | pangeran kang adi luwih | bok iyaa amung warta ing kawula ||
11. matur Dèwi Surèngrona | sokur pangeran akrami | angsal kusuma Mêmênang | kawula anglêladèni | anging ta atur mami | pangeran kang kula jaluk | sampun asiya-siya [asiya-si...]
[Ilustrasi]
--- 180 ---
[...ya] | pangeran ing awak mami | kawruhana kawula wong panasbaran ||
12. Kêlana Jayakusuma | pamuwuse ngasih-asih | sampun mênggah sapunika | nadyan pati lawan urip | amung sang kusuma di | mirah gèn kawula nyatu | baya sira kusuma | musthikane ngrat sabumi | èsêmira niscaya anggănda prana ||
13. matur Rêtna Surèngrona | pangeran udhuna mami | kawula arsa wêwarta | dhatêng sagung para putri | yèn sampun asung warti | kawula sowan pukulun | sagunge para garwa | pêsthine sun parentahi | samya sowan dhatêng sang adi Supraba ||
14. Kêlana Jayakusuma | mèsêm sarwi ngaras pipi | inggih alêrês kusuma | kang kadi rêtna sinangling | rewangku kawlasasih | iki wong ayu anulus | Ratu Ayu Cêmara | wong sêtya tuhu ing laki | sêmunira agawe lara wigêna ||
15. rarase lamun ngandika | kusuma langêning puri | kadya Dèwi Wilotama | sapolahe jait ati | wigênane yèn angling | têka pait madu juruh | yèn kala angandika | marasakên lara agring | ruming rupa asor Dèwi Dêrsanala ||
16. wus mudhun sangking êmbanan | wau kusumaning adi | Kêlana Jayakusuma | wus bali ing tilamsari | kusumaning Kêdhiri | wau kang tansah rinungrum | sêrnggara apait kilang |[2] angrungrum lir madu gêndhis | aja wêlèh[3] patêmon putri lan putra ||
17. kusuma yu ing Cêmara | pinarêk sor nagasari | sakèhe para parêkan | pan sami ababar lanti | sagunge para putri | sadaya wus padha rawuh | sami dadan sadaya | sakathahe para putri | ki tumênggung pênyanane magut yuda ||
18. sadaya wus padha lênggah | sakathahe para putri | mujar putri Băndayuda | kawula atakèn warti | baya sang adipati | ing benjang arsa umagut | rêtna yu Surèngrona | gumuyu dènira angling | pindho gawe anglurug gawe punapa ||
19. mujar putri ing Cangcangan | gih kawula asung warti | bêdhil muni abendrongan | angrok gamêlan sêkati | pinirsa angajrihi | awor lawan galaganjur | kadi akarya lesan | Dèwi Surèngrona angling | pindho gawe bêbêdhil karya punapa ||
20. umatur putri Pranggunan | kawula nungsung pawarti | gamêlan muni wurahan | mênawi sang adipati | arsa dhatêng wanadri | wong agung arsa bêburu | mujar putri Cêmara | wêcana arum amanis | pindho gawe bêburu ngambil punapa ||
21. sakathahe maruningwang | sadaya ingsun pajari | Kêlana Jayakusuma | pangeran sang adipati | sampun wibawa mukti | lagi kesah abêburu | dudu kidang mênjangan | dudu banthèng lan jêjawi | kang binuru layak lawêning asmara ||
22. matur putri Băndayuda | kawula dèrèng andugi | sêmune kangjêng ratu mas | putri Cêmara nahuri | wadine ujar mami | kangjêng pangeran tumênggung | lagi akarya lesan | dudu kêlapa lan cêngkir | mimis gantyan bêdhile kidung sêrnggara ||
23. matur putri ing Lumajang | kawula datan adugi[4] | sêmune kang pangandika |
--- 181 ---
putri Cêmara nahuri | pêgêl têmên kang ati | kangjêng pangeran tumênggung | prajurite Ngurawan | pan lagi abêksa rangin | lamun ujung sumungkêm ing wonga-wonga ||
24. mujar putri Cangcangan |[5] kawula dèrèng andugi | têgêse kang pangandika | putri Cêmara nahuri | dene wus kaping kalih | angladèni ing wong agung | winehan ujar apa | prandene nora andugi | ki tumênggung sampun amukti wibawa ||
25. sakathahe maruningwang | sadaya ingsun pajari | mila gamêlan sauran | awor lawan bêdhil muni | kutha adi ing Bali | sampun bêdhah wau dalu | Kêlana Jayakusuma |[6] tandhane mênang ajurit | gamêlane awor bêdhil abendrongan ||
26. mujar putri Băndayuda | kapanane duk ajurit | dene ta amêmaca |[7] kapanduk kala ajurit | putri Cêmara angling | nadyan ingsun nora wêruh | Ratu Nungsyakambangan | yudane sampun kajodhi | mati ngrona tatune tanpa wilangan ||
27. matur putri ing Lumajang | kunarpane wontên pundi | mujar Dèwi Surèngrona | kunarpane rajèng Bali | pinilih ingkang udani |[8] nadyan ingsun nora wêruh | Ratu Nungsyakambangan | kuncara prajurit luwih | mati ngrona patine duwe ambêkan ||
28. mujar Dèwi Surèngrona | lah payo padha acuki | aja kakehan wicara | anyatur wong uwis mukti | anuli mundhut cuki | Êmban Supadma wus rawuh | nuli sami kasukan | sakathahe para manis | angandika kusuma di ing Cêmara ||
29. bokayu ing Băndayuda | yayi sira sun takoni | mangke mangsane punapa | putri Lumajang nahuri | wêtawise ing galih | sampun luwas ing kuwalu | ungsume banjir bandhang | Dèwi Surèngrona angling | banjir gêtdhe kayu rungkat watu kontal ||
30. mujar putri ing Cangcangan | mangke ing wêtawis mami | dawêk măngsa labuh kapat | kuncine bothekan thikil | putri Cêmara angling | kaya bênêr ujar iku | tandhane labuh kapat | ki tumênggung asêsabin | pêrumpunge kawêluku palêthokan ||
31. angling putri ing Pranggunan | puniku luput sathithik | mangke pan sampun kasonga | ungsum cacing kalung mudhik | putri Cêmara angling | iya bênêr ujar iku | pratandhane kasonga | awurahan garèng muni | kang dèn alup rajèng Bali sigar gayam ||
32. sagunge putri sadaya | sami matur awotsari | kawula datan wikana | wêcana anyalawadi | padhangêna kang ati | radèn ayu wêlèhipun | mujar putri Cêmara | prajurite wong ing Bali | lakinira pan sampun dadi wanodya ||
33. sami kagèt tan miyarsa | sakathahe para putri | pan sami matur sadaya | dhatêng kusumaning adi | dora sêngkara ugi | pangandikane wong agung | kèmêng kados têmêna | Dèwi Surèngrona angling | timur mila baya watêk gêgorohan ||
34. eca sami arêrasan | sakathahe para manis | Dèwi Ekawarna mujar | maring sagung para putri | asru dènira [dèni...]
--- 182 ---
[...ra] angling | sakathahe para arum | kabèh sami ngandikan | maring kakang adipati | kagèt mirsa runtik Dèwi Surèngrona ||
35. mujar Dèwi Surèngrana | Ekawarna sun takoni | paran ujare pangeran | kala akon animbali | marang ing awak mami | Dèwi Ekawarna matur | andikane pangeran | timbalana para manis | sapunika timbalane raka dika ||
36. mujar Dèwi Surèngrana | kalingane kang dipati | suba-suba palikrama | pangangkuhe maring mami | tanpaji awak mami | anyèthi kala kêkuncung | mawongan kala jabang | pangeran sampun amukti | tanpa ya sarira lir kêkate papan ||
37. yèn jamake wong bênêran | ingsun tinimbalan dhingin | sawise nimbali mringwang | animbali para manis | keringe para manis | iku prayogane ingsun | mundur têka dèn kayah | ingkang kaya awak mami | alaningsun milu akramas ludira ||
38. kang kinongkon ora layak | kang akongkon ora bêcik | matura ing kakangira | yèn mangkono ujar mami | pan ingsun dèn timbali | sira matura karuwun | mêngko ingsun aseba | lawan sakèh para rabi | ujar ingsun dhingin aturna pangeran ||
39. sakathahe putri tawan | sami ajrih aningali | maring Dèwi Surèngrana | dene kalintang aruntik | tan katara ing lathi | anging sinamur ing guyu | pan Dèwi Ekawarna | wus lèngsèr sarwi anangis | datan pêgat ngusapi luh sarikutan ||
40. kocapa ingkang kalihan [kali...]
[Ilustrasi:] Dèwi Surèngrana.
--- 183 ---
[...han] | ingkang anèng tilamsari | Kêlana Jayakusuma | kêlawan putri Kadhiri | yèn tinon kadi sasi | lawan raditya sumunu | pan kadi Kamajaya | kalawan Ni Dèwi Ratih | putra-putri pan sampun apulang raras ||
41. Dèwi Ekawarna prapta | nungkêmi pada anangis | Kêlana Jayakusuma | mèsêm sarwi muwus aris | wus wancinira yayi | yèn ingutus sênggruk-sênggruk | lah êndi kakangira | kalawan kang para putri | alon matur mangke sêmayane seba ||
42. ki tumênggung angandika | lah sira tutura yayi | wêcanane kakangira | wau duk ingsun timbali | tandukira nimbali | wau maring radèn ayu | matur Ni Ekawarna | mêngkatên ing atur mami | gih mêkatên gènipun angandika |[9]|
43. yèn kakangira bênêra | ingsun tinimbalan dhingin | sawise nimbali mringwang | animbali para manis | sira ingsun arani | atine wong sasar-susur | sing kongkon nora layak | ingkang kinèn nora bêcik | aturêna kakangamu ujarira ||
44. Kêlana Jayakusuma | gumujêng nutuh kang rayi | kaya lamun kasêndhua | maring kusumaning adi | kang rayi dèn dukani | adangu jinêlu-jêlu | acabar têmên sira | kang rayi lara anangis | dipun candhak maring kusuma ing Daha ||
45. sinungkêmakên ing pangkyan | mujar kusuma Kêdhiri | ingsun ingkang anarima | maring gawenira yayi | ing benjang sun opahi | yayi sira suwêng tutup | panunggul itên[10] nila | cinawi jumantên adi | ingsun duwe kalpika sasra ludira ||
46. sira yogya anganggoa | kalpika jumantên adi | kathaha ingkang kalpika | pan nora nana ngungkuli | Rahadèn Wukirsari | tumingal ngusapi êluh | amicarèng ing nala | kangjêng pangeran dipati | kaningaya ambêndoni tanpa dosa ||
47. kakang êmbok kaningaya | bakal ipene sawiji | baya ta nganti punapa | paèsi kala kariyin | kakang êmbok dèrèng prapti |[11] aran mangke sampun rawuh | bok iya pinanggihna | wong iku kalawan mami | sun wêtara bokayu kagêm ing asta ||
48. upami dipun panggihna | wong iku kalawan mami | ing benjang yèn kalampahan | agêdhe punagi mami | wong ayu sun kauli | sinjang abang kuping randhu | wêtarane kiwala | wong ayu mênis-mênis |[12] saya brăngta anêmbang kinanthi rasa ||
42. Pupuh Kinanthi ingkang gumanti
1. Dèwi Surèngrana rawuh | ingiring ing para putri | sêdyanira kumawula | dhatêng kusuma Kêdhiri | putri adi ing Mêmênang | alênggah sandhinging laki ||
2. sakathahe para arum | sadaya sami alinggih | ing ngarsane putri Daha | pan sami anikêl warti | pan sami asor sadaya | sakathahe para putri ||
3. amung sira Radèn Galuh | upamane intên adi | murup cahyane gumawang | asawang Sang Dèwi Ratih | karane asor sadaya | sakathahe para putri ||
4. sakathahe
--- 184 ---
para arum | amicarèng jroning ati | kusumane ing Mêmênang | duk jumênêng rajèng Bali | gagah prakosa sinawang | mêngko têka rungih-rungih ||
5. putri Băndayuda muwus | amicarèng jroning ati | wêruha lamun wanodya | kala dadi rajèng Bali | ingsun wudani sêmona | dimok kêcêlik anangis ||
6. putri Pranggunan amuwus | nora kêtarèng ing lathi | kalingane pan wanita | kang jumênêng rajèng Bali | wiyose apurus jangkang | karane bisa sêngadi ||
7. sakathahe para arum | sadaya pating kalêsik | aningali citranira | pan kadi rêtna ingukir | karasa ing jaman kuna | anyamur nora kêtawis ||
8. putri Cêmara andulu | amicarèng jroning ati | iki ta silèh wanodya | tuhu musthikane èstri | datan ana winaonan | baya panukmanèng Ratih ||
9. karane dalêm tumênggung | salawase lêlêng[13] brangti | mung pangajapane tawang | kang pinuji rina wêngi | mangke sampun kalampahan | wong agung tulus amukti ||
10. kaya yèn radèn tumênggung | dèn tohana larapati | sanadyan ingsun wanita | andulu sang kadi Ratih | kacaryan raose manah | baya musthikane èstri ||
11. mung cacade Radèn Galuh | sathithik ingsun waoni | nora darbe danakrama | nora wêlas ing têtami | sing sinau angawula | ya rane ingsun andhapi ||
12. atur kawula Dyan Galuh | dhatêng sang lêsmining puri | mila kawula aseba | dhatêng ing sang kadi Ratih | kawula tadhah parentah | sapakon darma nglampahi ||
13. kaping kalihe mas ayu | ngaturakên para putri | kaping tigane katura | dhumatêng sang kadi Ratih | pêrabote raka dika | sakèhe punggawa mantri ||
14. pangraose awak ingsun | datan angraos akrami | pangraose manah kula | anênggih mawongan nyèthi | dhumatêng raka andika | rumaos lamun anyèthi ||
15. têka mèsêm jroning kalbu | kusuma di ing Kêdhiri | amicarèng jrone nala | bok pêngantèn nyalawadi | manahe asalah tămpa | kirang pracaya ing mami ||
16. yèn ingsun mujar karuhun | ilang wingite wak mami | mêngko sampun kalampahan | bok adhi seba ing mami | ingsun asinau uga | angrèh ing putri prajurit ||
17. angandika Radèn Galuh | inggih sun tarima yayi | sangking sih pracayanira | nora kuwasa mangsuli | nanging aja êsak sira | dene sun basani yayi ||
18. karaningsun ngrasa sêpuh | apan satriya ing Kêling | kala jagat durung ona | pinêsthi têtanggon mami | kala anèng jro wêtêngan | wus apanggih lawan mami ||
19. putri Cêmara tumungkul | sapandurat tan kêna ngling | angrasa asor bawanya | ature amêlasasih | kawula datan lênggana | ing karsa sang adi[14] Ratih ||
20. angandika Radèn Galuh | sakathahe para putri | yayi kasraha ing sira |
--- 185 ---
kabèh parentahên iki | miwah pêraboting yuda | sakèh punggawa myang mantri ||
21. kalintang pracayaningsun | măngsa boronga pun yayi | ambaurêksa ing priya | ingsun ora amancèni | yèn pangeran magut yuda | poma yayi aja kari ||
22. Dèwi Surèngrana matur | nadyan dhumatênga pati | kawula datan lênggana | ing karsa sang kadi Ratih | Kêlana Jayakusuma | manahira cilik wukir ||
23. sira Rahadèn Tumênggung | Kêlana Jayadiluwih | abungah marwata suta | manahira alit wukir | kusuma di ing Cêmara | manahira sampun sumih ||
24. sakathahe para arum | amicarèng jroning ati | kusuma putri Cêmara | nora nyana nora ngimpi | lamun kêna pinarentah | dene wong kêras kêpati ||
25. yèn mangkono Radèn Galuh | kusuma kang kadi Ratih | kalintang dene lêksana | sapangandikane mandi | pan mangko tandhane ana | putri ing Cêmara wêdi ||
26. putri ing Purwăngga dulu | amicarèng jroning ati | kusuma di ing Cêmara | sêdhêng tinirua èstri | wus aguna-amiguna | andhap asor dèn lakoni ||
27. putri ing Purwăngga muwus | amicarèng jroning ati | iku nora endah pelak | si bungkêr wus olih tandhing | yèn wong iku dèn buwanga | sun midhang pasar Têrbanggi ||
28. kawarnaa sampun dalu | angayom citrane sasi | sira Dèwi Surèngrana | apan sampun atur pamit | sakèhe putri sadaya | wus sami amit ing jawi ||
29. Dèwi Surèngrana mantuk | ulihe èsmu wiyadi | ingiring para padhêkan | cucur tuhu ingkang [ing...]
[Ilustrasi]
--- 186 ---
[...kang] muni | sêmune kadya gêgonjak | maring sang kasoran laki ||
30. anênggih Rahadèn Galuh | ingkang tansaha urup sih | samya anabuh gamêlan | sakathahe para manis | sakèhe para dipatya | jêjêl supênuh kang kêmit ||
31. pan sami angagêm catur | sakathahe adipati | Undhakan Astramiruda | sadalu amangun ringgit | dhasar wignya yèn amayang | akèh kasmaran ningali ||
32. kawarnaa Menak Agung | mêksih anitihi baris | kang maksih têngga nêgara | arsa matura ing gusti | Nyai Sèbêtan kapapak | anèng paregolan singgih ||
33. Ki Menak Agung amuwus | lagya punapa dewaji | Nyai Sèbêtan angucap | wuwuse arum amanis | apan sampun pitung dina | anèng ing sanggar panêpi ||
34. alon mujar Menak Agung | lah dawêk aturna mami | dhatêng sanggar palanggatan | asowan dhatêng sang aji | kawula arsa matura | durmane ingkang gumanti ||
43. Pupuh Durma ingkang gumanti
1. Menak Agung prapta ing sanggar langgatan | sri bopati wus sêpi | lah Nyai Sèbêtan | lawan Nyai Wayahan | alara dènira nangis | dhuh gustiningwang | pukulun anèng ngêndi ||
2. paran karsa Ki Agung ing pêkênira | dene musna sang aji | Ki Agung kèmêngan | angucap mênggah-mênggah | anèng ngêndi sang dewaji | kagèt tumingal | ing sanggar ana tulis ||
3. ingkang sêrat gupuh cinandhak winaca | ungêle [ungê...]
[Ilustrasi]
--- 187 ---
[...le] punang tulis | pèngêting kang sêrat | Klana Jayakusuma | wiyose nuwala mami | dèn padha wikan | sakèhe wong ing Bali ||
4. gustinira Prabu Anjayalêngkara | wus kagêm ngasta mami | yèn sira prawira | Agung si rêbuta |[15] gustinira natèng Bali | pan ingsun dhustha | ingsun patèni wêngi ||
5. Menak Agung bramantya nyuwèk nuwala | lara dènira nangis | lan Nyai Sèbêtan | lawan Nyai Wayahan | mani amit ngêmasi |[16] karia wirya | manira magut jurit ||
6. Menak Agung mêdal dhatêng pênangkilan | Ki Cau nungsung warti | alon dènnya ngucap | milanira karuna | adhi Agung gêgitani | wontên punapa | yayi ing dalêm puri ||
7. Menak Agung asru dènira angucap | ki raka sun pajari | pan gusti manira | sampun ilang dhinustha | ing Klana Jayadiluwih | nêdha ki raka | padha abela pati ||
8. alon matur sira Ki Gagak Kêlana | lawan Dhangdhang Minangsi | Kuntul Winêlantênan |[17] lawan Jayasasmita | lan Răngga Wirêksèngbumi | sampun arêmbak | akarsa magut jurit ||
9. Menak Agung gupuh nuli cêcawêtan | kampuhira pinuntir | pêdhange dèn ikal | Menak Agung angucap | aja na wong mèlu jurit | sanak manira | yèn ingsun mêksih urip ||
10. sakêlangkung Ki Menak Agung bramêtya | lara dènira nangis | êluhe duleweran |[18] umbêl kuthah nèng jaja | ing jaba kutha wus mijil | anantang lawan | tandange mobat-mabit ||
11. Menak Cau mijil anêmbang têngara | wong sèwu padha ngiring | prapta jaba kitha | sigra campuh kang yuda | arame rok silih ukih | wong
[Ilustrasi]
--- 188 ---
Kartasana | ingkang campuh kariyin ||
12. sarêng ngamuk sira pun Gagak Kêlana | lawan Dhangdhang Minangsi | Kuntul Winêlantênan |[19] apan sarêng nêrajang | lan Răngga Wirêksèngbumi | lir saradula | wong sèwu galong pipis ||
13. pan kalindhih yudane wong Ngurawan |[20] prajurite kèh mati | Menak Agung prapta | wau Sapigumarang | kang katrajang piyak ajrih | măncanêgara | sadaya bubar ngisis ||
14. widadari atanapi widadara | sadaya aningali | sangking awang-awang | samya aturun surak | Ki Menak Agung kêkasih | karantênira | ajrih sakèh ningali ||
15. kapêlayu Adipati Băndayuda | wong Cangcangan kalindhih | wong Lumajang bubar | larut bala Pranggunan | wong Sidapêksa kajodhi | wong Pêtjarakan | lumayu akèh mati ||
16. wong Purwăngga Lobawang Sandikaripan | lumayu kanji ajrih | amiyarsa surak | ing awang-awang gumrah | sagunge para dipati | tilar wahana | padha malik kulambi ||
17. Menak Agung angamuk lir gajah mêta | ngêrik kadi rasêksi | ingkang mirsa gila | ajrih ing tandangira | tan ana wani ngêmbari | surake bala | lir udan sinêmèni ||
18. Menak Cau anèng wuri sarwi bapang | bêndhene dipun pundhi | payo dèn prayitna | adhi Agung ngamuka | iya ingsun kang batohi[21] | yèn sira kalah | ingsun lumayu dhingin ||
19. sok mêtua Kêlana Jayakusuma | sira bantinga aglis | yèn sampun palastra | ingsun bêndhone pisan | atine sun iris-iris | pan gurih mana | sun kêlan jangan mênir ||
20. Adipati Kartasana wus lumajar | arsa matur ing gusti | kawarnaa prapta | ngarsane gustinira | umatur sarwi wotsari | anuhun duka | gusti sang adipati ||
21. wadya larut tan wontên măngga puliha | sagung para dipati | kalindhih sadaya | sagung para punggawa | pun Agung umagut jurit | lintang prawira | tan pasah dene wêksi ||
22. angandika Kêlana Jayakusuma | akèh balane jurit | wêtarane pira | ingkang magut ing yuda | Si Agung pira kang ngiring | matur anêmbah | sèwu yèn winitawis ||
23. angandika Kêlana Jayakusuma | iku balane kêdhik | dene kongsi bubar | sagung wong têtêlukan | lan sagung para dipati | tan ana panggah | baya Si Agung sêkti ||
24. poma-poma kadeyan ingsun sadaya | Ngabèi Yudapati | Dêmang Jayalêksana |[22] Răngga Jayasantika | tur padha wong wani mati | munggèng ing ngarsa | bêdhil awor lan lêmbing ||
25. pêdhang tamsir parise kalawan kantar | bungsur lawan suligi | wêtawising bala | kathahe tigang nambang | tur padha sinêlir-sêlir | munggèng ngarsa |[23] padha wong kêre wêsi ||
26. prapta ngrana kang mungsuh kalawan rowang | nuli acampuh jurit | kadya gunung rêbah | bêdhil awor lan surak | arame rok silih ukih | rêmpu kang watang | padha agênti kêris ||
27. dhasar kêdhik wong Bali sampun asayah |
--- 189 ---
kinêmbulan ing jurit | rêmpu kathah pêjah | katêmpuh ting sulayah | kunarpa sungsun atindhih | kadi ampuhan | sambate wadya kanin ||
28. wus kapupu sira pun Gagak Kêlana | lawan Dhangdhang Minangsi | Kuntul Wilantênan | sami sarêng palastra | Ki Agung mêksih ajurit | wus kinêmbulan | dene kadeyan sami ||
29. sigra mêdhang Ki Dêmang Jayalêksana | Menak Agung tan gingsir | pan mêrêm kewala | iya payo mêdhanga | kacandhaka sira mati | pan atinira | iya sun nêdhoh wani ||
30. dipun candhak Ki Dêmang Jayalêksana | anuli dipun banting | atangi lumajar | ajrih tan olih wuntat | Ki Yudapati nulungi | sigra amêdhang | Menak Agung tan gingsir ||
31. nora pasah Ki Agung mêrêm kiwala | lah payo padha bêtcik | kacandhaka sira | sun êgoh atinira | Yudapati mirsa wêdi | nuli lumajar | anêkêm sirahnèki ||
32. asru goco Ki Răngga Jayasantika | sangking wuri anitir | Menak Agung mujar | iya mara gocoa | kacandhaka sira mati | pan wadhukira | mêngko ingsun bèthèti ||
33. pan lumayu Ki Răngga Jayasantika | wêtênge dèn cêkêli | Ki Sastrawijaya | lawan Sastramiruda | mêtu sangking kanan kèri | sarêng anumbak | panumbake anitir ||
34. Menak Agung tan pasah maju kiwala | payo numbaka maning | kacandhaka sira | sun mamah êndhasira | Sastrawijaya agiris | sami lumajar | wong loro niba tangi ||
35. kapêlayu kadang kadeyan sadaya | atine gêdhe mênir | Ki Cau ambapang | sarwi asurak-surak | bêndhene kinarya undhi | sarwi sêsumbar | balia padha bêcik ||
36. sampun prapta Ki Răngga Jayasantika | ngarsane ki dipati | matur sarwi nêmbah | kawula nuhun duka | yuda kawula kalindhih | datan kuwawa | pun Menak Agung sêti ||
37. sarêng matur Ki Dêmang Jayalêksana | Ngabèi Yudapati | dhuh gusti pangeran | kawula nuhun duka | datan kuwawa nadhahi | asrah têtêkan | ngraos tiwas ing kardi ||
38. lir satêngu raose manah kawula | kalintang sangking ajrih | kula atumingal | dhatêng Agung punika | manah kawula agiris | mila kawula | gila tan pasah wêsi ||
39. sarêng matur Rahadèn Astramiruda | lan Radèn Wukirsari | amba nuhun duka | kawula tan kuwawa | pun Agung kalintang sêti | raose manah | ajrih tan darbe galih ||
40. alon matur Ki Răngga Jayasantika | gawok kawula gusti | sagung wadyabala | bubar yèn amiyarsa | syarane pun Agung singgih | tan ana panggah | milane bubar gusis ||
41. têka mèsêm Kêlana Jayakusuma | padha dêlapa urib | dene padha cabar | anyêkêl wong satunggal | prandene tan nênêdhasi | sakèh kadeyan | samya konjêm ing siti ||
42. kari pira balane Si Agung iya | kang milu pulang gêtih | umatur Ki Răngga | balane sampun têlas | mung kantun pun Agung gusti | kadya rasêksa | pangamuke angajrihi |[24]|
43. mung Ki Cau ingkang mêksih atut wuntat | bêndhenipun tinitir |
--- 190 ---
apan sarwi surak | sarta bêksa kêkayang | sarwi wuda konthal-kanthil | kadya wong edan | mandêlik ngiwi-iwi ||
44. asru matur putri adi ing Cêmara | kawula amiyosi | arsa amaguta | yudane Agung ika | mèsêm mujar ki dipati | sampun kusuma | mênawi tan kuwawi ||
45. têlasna ing jagat sapramuditya |[25] ing sabrang nungsya Jawi | padha ngêmbarana | maring Ki Agung ika | kusuma nora kuwawi | yèn dudu ingwang | prayogang[26] angêmbari ||
46. nora kêna yèn amungsuhana kurda | yèn nora ingsun dhêmit | dêdimone uga | prapta ing ngarsaningwang | kang arsa matèni mami | kusuma Daha | èsême nyalawadi ||
47. kêjaba Kêlana Jayakusuma |[27] ingiring para rabi | [...] | nora ngagêm sênjata | mèsêm sarwi wuwus aris | dimon wak ingwang | mêngko dipun patèni ||[28]
48. alon matur kusuma di ing Cêmara | andika mangking kêris | asikêpa watang | mêngsah dika prawira | pangeran dèn ngati-ati | sampun pêpeka | mujar sang adipati ||
49. lamun ingsun agawa kêris lan pêdhang | kalah gèn ingsun jurit | milane kusuma | nora gawa bêndhama[29] | malar lananga ing jurit | lah tingalana | ing mangke polah mami ||
50. sampun prapta tumênggung madyaning rana | pinarak kanthil gadhing | sarwi pinayungan | lawan putri Mêmênang | sakathahe para manis | andhèr ing ngarsa | sadaya anjajari ||
51. Menak Agung polahe lir gajah mêta | kaya gêlap yèn angêrik |[30] lan mêrêm kiwala | sarwi asru nênantang | singa kang kacandhak mati | Jayakusuma | mêngko ingsun bèthèti ||
52. Menak Cau asru dènira angucap | adhi Agung dèn bêcik |
[Ilustrasi]
--- 191 ---
mungsuh wong prawira | sampun miyos ing rana | ingiring ing para putri | tur pinanyungan | warnane nom apêkik ||
44. Pupuh Sinom ingkang gumanti
1. adhi Agung mara-mara | nuli têrajangên wani | Kêlana Jayakusuma | anuli bantingên aglis | adhi bêkukên dhingin | gulune dèn gumalêthuk | kalamun sampun modar | aku bisa ambayongi | paduman tri bojone saparo sewang ||
2. Kêlana Jayakusuma | sêsumbare wanti-wanti | Agung yèn sira prawira | amajua padha siji | payo agênti kêris | bramêtya Ki Menak Agung | anulya anêrajang | mawur ingkang para manis | wus sinikêp Kêlana Jayakusuma ||
3. Ki Agung mêrêm kiwala | sêdyane arsa ambanting | ingangkat nora kuwawa | sampun karasa ing galih | amicara ing ati | eling yèn momonganipun | Ki Inu ing Koripan | kala timur yèn abudi | Ki Prasănta amondhong nora kuwawa ||
4. Kêlana Jayakusuma | adangu dipun ulèni | pangraose ingkang manah | kadi wong dipun jampèni | têmah waloya singgih | bêbalunge ingkang kaku | Ki Agung kaya buta | tênagane gêgilani | kampuh jingga têlês dene êluhira ||
5. sami maras galihira | sakathahe para manis | sadaya sami karuna | dhuh dewa pangeran mami | nora amungsuh jalmi | sasat rêtca Balabudhur | Menak Cau ambapang | bêndhene tinitir-titir | adhi Agung gulune sira bêkuka ||
6. sakèhe kadang kadeyan | tan ana
[Ilustrasi]
--- 192 ---
wani nulungi | Kêlana Jayakusuma | pan alon dènira angling | yèn amrih pati mami | sira mêlèka karuwun | aja mêrêm kiwala | sira ningalana mami | awasna cirine mongmonganira |[31]|
7. pan ingsun kala ing kuna | pan duwe sadulur siji | kang wasta kakang Prasănta | kang amongmong maring mami | puwara angêmasi | baya ing wêtaraningsun | warnane kaya sira | malah dipun tarimani | maring rama Ni Kanastrèn ingkang garwa ||
8. milane pisah lan ingwang | kala têtinjo mring Kêling | kèrêm têngahe samodra | pantêse wus angêmasi | anging aduwe ciri | kakang Prasănta karuhun | duk ingsun mêksih bocah | wudêle sun sundêp ngêri | malah tatu cirine saya kêtara ||
9. mênapa tanbuh tênaya | gustinira rajèng Bali | nyata yèn Căndrakirana | putri adi ing Kêdhiri | baya wakane pangling | maring ing mongmonganipun | ingsun putra ing Jênggala |[32] Ki Inu ing Kartapati | waspadakna kadangmu ing Rawisrêngga ||
10. kagèt Ki Menak Prasănta | kaya tismak aningali | pêpilingan ingkang kiwa | wau kang dipun tingali | awas sampun kaèksi | toh sêpah kasabun[33] rambut | mancur kadya mutyara | mêncorong lir intên bumi | anjrit nangis nungkêmi Menak Prasănta ||
11. pangeran gusti kawula | tuhu satriya ing Kêling | pangajapaningsun tawang | sun ulati Endrapati | bênêr Nêrada adhi | êndhase lir cêlèk ngasu | yèn nora kapanggiha | ingsun tagih Yyang Pramèsthi | pêsthi akèh dewa dadi kêkucingan ||
12. ki raka lah marenea | iki gustinira lami | nyata lamun radèn putra | kang pinuji siyang latri | Ki Cau ngiwi-ngiwi | kasamaran adhi Agung | radèn [radè...]
[Ilustrasi]
--- 193 ---
[...n] putra wus pêjah | kala têtinjo mring Kêling | anauri manira kilap punapa ||
13. Ki Cau alon angucap | manira apasanggiri | yèn nyata rahadèn putra | muga pacota tumuli | karahe irung mami | nuli sirna karahipun | kalane dipun buwang | Ki Cau nuli nungkêmi | sokur sèwu adhimas pan mêksih gêsang ||
14. Ki Prasănta alon angucap |[34] ki raka ja wani-wani | pan dudu sêsamanira | sawêruhe sun arani | kadangmu têka ngêndi | angucap Ki Sandulumur | Dhayok[35] beda punapa | pan putrane nêrpati |[36] awak ingsun Dhayok putrane si bapa ||
15. sagunge kadang kadeyan | sami gawok aningali | mring sira Menak Prasănta | sadaya sami ngujungi | sampun sinung upêksi | yèn Ki Putra Marabangun | Radèn Inu Koripan | Kêlana Jayadiluwih | kadehane abungah marwata suta ||
16. ki tumênggung angandika | maring Ki Răngga tinuding | myang Dêmang Jayalêksana | Angabèi Yudapati | kinon ajêjarahi | maring nêgara ing Wangsul | sakèhe rajabrana | padhêkan lan para nyai | sawarnane pan kinèn boyong sadaya ||
17. kawarnaa wus lumampah | Ki Răngga ingkang tinuding | myang Dêmang Jayalêksana | Angabèi Yudapati | kinon ajêjarahi | maring nêgara ing Wangsul | miwah kang rajabrana | dèn usung lir banyu mili | arantaban boyongan Sapigumarang ||
18. Nyai Sèbêtan Wayahan | wus ababar Bayan Sanggit | Ki Patih Jayasasmita | pan sampun anunggal warni | iya Ni Abong[37] uni | Sapigumarang wus rawuh | sakèhe rajabrana [ra...]
[Ilustrasi]
--- 194 ---
[...jabrana] | boyongan lan para nyai | sampun katur ing Klana Jayakusuma ||
19. sakathahe para garwa | sadaya dipun timbali | anging kusuma Cêmara | kang mêksih mujung aguling | tan ana wani nangi | angandika ki tumênggung | sakèhe garwaningwang | dèn duma bêrana iki | aja kari tawan kalawan bandhangan ||
20. sakathahe para garwa | sadaya matur wotsari | datan kuwasa anduma | angraos yèn batên bangkit | putri Purwăngga wani | anulya matur wotsantun | pan kawula pangeran | sagah andum amarinci | angandika Kêlana Jayakusuma ||
21. sigra putri ing Purwăngga | ingkang andum amêrinci | sakathahe rajabrana | wus pinara lima singgih | sakèhe para nyai | dipun para lima sampun | nênggih ingkang saduman | maring kusuma Kêdhiri | kang saduman maring kusuma Cêmara ||
22. mujar putri ing Purwăngga | apa gawe angandhapi | apan padha angawula | amrih kandêl ki dipati | apa gawe ngandhapi | kudu angrawati maru | dudumane[38] sadaya | putri ing Cêmara adi | dèn pancèni kang tuwa-tuwa sadaya ||
23. ki tumênggung angandika | Onêngan sira sun tuding | boyongan sira aturna | maring kakangira kalih | Onêngan awotsari | boyongan ingirit sampun | kawarnaa wus prapta | pêrnahe putri Kêdhiri | Ni Onêngan matur sarwi awotsêkar ||
24. punika ingkang duduman | amugi sampeyan pilih | angandika putri Daha | sapa kang mancèni mami | Ni Onêngan wotsari | putri Purwăngga kang andum | pan karsane pangeran | ngandika putri
[Ilustrasi]
--- 195 ---
Kêdhiri | ingsun yayi tan arsa anampanana ||
25. ingsun arsa nampanana | yèn putri Cêmara singgih | ingkang amancèni maringwang |[39] ingong arsa anampani | yayi Cêmara ugi | wêdanane para arum | ingkang duwe larangan | mila nora sun tampani | ingsun lumuh mirsa ujar tanpa ngrasa ||
26. sira Ni Dèwi Onêngan | sampun lèngsèr awotsari | boyongan nora katampan | sadaya ginawa bali | putri Cêmara singgih | dènnya sare lagya wungu | pinarak kurah waja | pawongan andhèr ing siti | dhasar ayu yèn tinon awèh asmara ||
45. Pupuh Asmaradana ingkang gumanti
1. nora dangu nulya prapti | Ki Răngga Jayasantikang[40] | anggawa tawan wiyose | kathahipun tigang dasa | mèsêm putri Cêmara | alon dènira amuwus | kakang Răngga alinggiha ||
2. Ki Răngga umatur aris | kawula ngaturi tawan | wêlasan kawula dhewe | katura dhatêng ratu mas | kathahe tigang dasa | pangaksama radèn ayu | kawula kapiutangan ||
3. sang putri Cêmara angling | kakang Răngga sun tarima | pinaringan kampuh mangke | gadhung lan sabuke pisan | anggenên patêlêsan | kakang lurah kampuh gadhung | Ki Răngga nuhun aturnya ||
4. nora dangu nulya prapti | Ki Dêmang Jayalêksana | anggawa tawan kathahe | awêtarang[41] tigang dasa | kusuma yu anyapa | kakang bêrngos sadulurku | ragane awèh boyongan ||
5. ki dêmang umatur aris | kawula ngaturi tawan | wêlasan kawula dhewe | kathahipun tigang dasa |
[Ilustrasi]
--- 196 ---
katura ing kusuma | dene kêkucahe Agung | kawula kapiutangan ||
6. putri ing Cêmara angling | kakang lurah sun têrima | pinaringan kampuh rojèng[42] | kalawan sabuke pisan | anggenên patêlêsan | kampuh rajèng pèwèh ingsun | ki dêmang nuhun aturnya ||
7. Angabèi Yudapati | nora dangu nuli prapta | angiringakên tawane | awêtara tigang dasa | gêpah nulya sinapa | kakang godhèk sadulurku | ragane awèh boyongan ||
8. umatur Ki Yudapati | kawula ngaturi tawan | wêlasan kawula dhewe | kathahipun kawan dasa | katura ing ratu mas | putri Cêmara gumuyu | kakang lurah sun têrima ||
9. dene akathah pribadi | si kakang dènnya wèh tawan | ujar si wong gagah dhewe | piraningan[43] kampuh inggal | sarta sabuke pisan | sinêrat polèng bintulu | Ki Yudapati abungah ||
10. wus sami kinèn abukti | sasampunirang[44] adhahar | wong têtiga sarêng lèngsèr | sira Ni Dèwi Onêngan | prapta ing ngarsanira | Dèwi Onêngan umatur | ature apait kilang ||
11. punika katura singgih | kang êmbok pêpancèn dika | bêrana sarta wastrane | mujar Dèwi Surèngrana | sapa kang andum brana | nora nimbali maring sun | umatur Dèwi Onêngan ||
12. kang êmbok Purwăngga singgih | ingkang andum bêboyongan | lan karsane kakang radèn | kadi pinanggang kang manah | runtik putri Cêmara | anging sinamur ing guyu | nora kêtarèng ing nitya ||
13. Onêngan gawanên bali | ingsun tan arsa atămpa | mêngko ingsun tampanane | nèng ngarsane kakangira | bok ingsun kaluwihan | ujar wong lêloro wak ingsun |[45] karane tan pinêrcaya ||
14. yèn bêcika awak mami | alaki ing kakangira | pêsthi yèn tembe lan bae | jêr ingsun wong ardalepa | karane awak ingwang | mring pangeran nora kèku | kiniwakakên kiwala ||
15. Dèwi Onêngan wus prapti | umatur dhatêng kang raka | wus pinajar sawuwuse | Kêlana Jayakusuma | kêraos manahira | kalintang dènnya gêgêtun | datan kêna angartika ||
16. Dèwi Surèngrana prapti | ing ngarsane ingkang raka | ginarêbêk ing inyane | kang raka mèsêm anapa | anging tan sinauran | bêrana dèn awur-awur | mujar Dèwi Surèngrana ||
17. kaningayane kêpati | Pangeran Jayakusuma | apa alane cèthine | angawula wong awirya | andum tawan boyongan | nora nimbali maringsun | iku bênêre wong apa ||
18. dèn duma ing ngarsa mami | dèn mamaha dèn giluta | dèn paringêna kêkasihe |[46] ingsun dèn aja kaduman | măngsa kênthêng-kênthênga | anging dèn wènèhana wêruh |[47] amrih patute kewala ||
19. ingsun nora mirsa warti | nora mirsa undhang-undhang | datan mirsa timbalane | yèn putri adi Purwăngga | dadi garwa wêdana | jinunjung dhatêng aluhur | jamake animbalana ||
20. êndi si rupane êndi | putri adi ing Purwăngga | ingkang kinasihan dhewe | bok iya animbalana | wong ayu ing wong ala | wong aduwe kănca batur | lan aku dèn angkuh apa ||
21. ujar mêngko
--- 197 ---
wus amukti | asu kewan ing Purwăngga | karane nakêr angengkol | arêp nimbangi maringwang | baya nora rumăngsa | dilati ing sikil ingsun | kala anèng ing paprangan ||
22. baya lêluhure singgih | kang pinêndhêm ing Purwăngga | nora na warah wuruke | tandhane mamak kalintang | mênyunyang kêna nganyang | pagemu[48] nora sumaur | sun angsap raimu pisan ||
23. putri ing Purwăngga nênggih | tan kuwasa sumaura | angrasa akèh sisipe | sakèhe putri sadaya | tan kuwasa mujara | sadaya sami anutuh | maring putri ing Purwăngga ||
24. êndi si rupane êndi | pamongmonge wong Purwăngga | padha inya timbangane | lah mara majua ngarsa | ujarku saurana | yèn kapingin ajur mumur | sun sêsuwèk wêwarasan ||
25. nadyan atandhing sugih |[49] miwah tandhinga kawignyan | dèn timbanga sagêndhinge | kusuma măngsa karia | lawan bungkêr Purwăngga | tanpa ngrasane kêlangkung | andundum durung karuwan ||
26. yèn mungguha kêncana di | gustiku putri Cêmara | êmas wijil ing Mêngare | sêtail rêga sawidak | murup kinarya jamang | kinarya kêkalung mancur | kinarya cundhuk wit-witan ||
27. yèn mênggaha êmas suki | putrine ing wong Purwăngga | wong nora nana sêmune | êmas wijil Pêrambanan | olih ngebor kiwala | sêtail rêga nêm suku | pantêse kaworan găngsa ||
28. kinarya suwêng tan kêni | kinarya jamang tan layak | pinêksa kinarya pêndhok | winor kalawan têmbaga | dadi pêndhok suwasa | pan irêng sêlaka lutung | kanggo wong sajaban rangkah ||
29. saya sangêt dènnya [dè...]
[Ilustrasi]
--- 198 ---
[...nnya] runtik | sira Dèwi Surèngrana | gupuh anuli pinondhong | mring Klana Jayakusuma | rongèh anèng pondhongan | binêkta pakuwonipun | kusuma pinriyêmbada ||
30. aja sira runtik gusti | maring putri ing Purwăngga | dêrma ngêlampahi bae | luhung pun Jayakusuma | rujitên lir puspita | mung sira ratuning ayu | kang asung lara wigêna ||
31. ngularana sore nglangit | tan antuk kadi kusuma | wong arum pangandikane | kusuma nila pêkaja | ingukir dadi sira | ki tumênggung nukmèng lulut | tansah angaras srinata ||
46. Sinom
1. Kêlana Jayakusuma | sigra mara ngisêp sari | amrih lukare asmara | kusuma Cêmara adi | wus lipur dènnya runtik | kasongan bauting kakung | mila nukmèng asmara | ing tilam anunggal kapti | aja wêlèh ing sêmu padha kêrasa ||
2. kawarnaa sampun lama | gènira mênang ajurit | anèng ing Sapigumarang | langkung awibawa mukti | tansah akaron êsih | siniwakèng para arum | Radèn Astrawijaya | tan pêgat anêhêng brangti | panglayunge maring Dèwi Ekawarna ||
3. umarêk dhatêng kang raka | Ki Astrawijaya nênggih | alon dènira têtanya | kusuma di ing Kêdhiri | paran karyane yayi | sira aseba maringsun | kang rayi matur nêmbah | tan wande kawula mati | yèn wandea kadhatêngan sir kawula ||
4. mèsêm kang raka ngandika | sapa kang sira karsani | apa wong dalêm padhêkan | inya lawan para nyai | alon matur kang rayi | Astrawijaya
[Ilustrasi]
--- 199 ---
abêkuh | kang bok rayi sampeyan | wong abênthing amênthithing[50] | yêkti eman akrama olih parêkan ||
5. mendahane wong Mêmênang | èsême ing awak mami | yèn kawula kêlakona | arabi uliha cèthi | ingsun pêlaur mati | tan arsa krama lih librung | akramaa parêkan | ing pangimpèn nora sudi | siyang dalu amung puniku sun sêdya ||
6. mujar kusuma ing Daha | sapa sira sêdya yayi | umatur Sastrawijaya | ingkang kawula karsani | yèn kaparênga ugi | kadange radèn tumênggung | punika asung brăngta | wasta Dèwi Ekawarni | ayu pantês marêk ati sagotongan ||
7. gandrês[51] luwês wong punika | sapolahe asung brangti | yèn mèsêm agawe rimang | yèn angucap gawe brangti | ayu yèn jait ati | kang rayi radèn tumênggung | sapolahe pêsaja | awilêtan marêk ati | pêsthi pêjah lamun ora kêlakona ||
8. rumiyin kala kêpapak | asinjang gêringsing ringgit | sêngkang bapang sinamiran | marêk atine sabumi | nuli kêpapak malih | wong ayu sinjang pêpêlung | asêngkang natabrăngta | marêk atine salangit | yèn mêlerok ayune sangang gotongan ||
9. duk rumiyin wong punika | kakang bok mêmanas ati | kala kawula aseba | dhatêng pangeran dipati | wong ayu ngêladèni | dhatêng pangeran tumênggung | kakêmbên jingga măngsa | asinjang limar giyanti | apêpilis wong ayu pakone sapa ||
10. panase manah kawula | gènnya kêmbên minthing-minthing | lêngga[52] rasane kang manah | dèn kêndhonana sadhidhik | sun sawang sangking wuri | marêk atine sagunung | sun sawang sangking ngarsa | marêk atine sabumi | warnanira wong ayu sapa tandhinga ||
11. saulih kawula seba | gêguling [gê...]
[Ilustrasi]
--- 200 ---
[...guling] ingsun sinjangi | sêdalu sun pindha-pindha | kang rayi pangran dipati | têka nora ngladèni | kongsi pêgêl manah ingsun | kawula ajak dhahar | kakang bok ora ngladèni | kula pondhong sun aras ngatut kiwala ||
12. sadalu kula rêrêpa | kula akèn aborèhi | pindho gawe sumaura | kawula sudhèt ing sêking | bêrabahane putih | ora ngêsês ora sêgu | banjur kawula sepak | nora surtah nora sudi | akramaa wong bisu damêl punapa ||
13. sami gumujêng sadaya | Ni Obong lawan Ni Sanggit | dalane bisa amujar | gêguling dipun kêloni | sanadyan dika bêsmi | dipun ajur dadi awu | măngsa asêsambata | ya ta Radèn Wukirsari | nêhêng brăngta astane asêrkutan |[53]|
14. kang êmbok kawula pujyang[54] | wong ayu kawula dhêsthi | sakèhe guna kasihan | sumbaga kalawan dhêsthi | apan nora nêdhasi | Ni Bayan Sanggit amuwus | mênawa kurang tapa | mujar Radèn Wukirsari | mohal bae sun rewangi tarak brăngta ||
15. ingsun nora dhahar sêga | tigang dina tigang wêngi | mung dhahar kêtan kiwala | tigang dina tigang wêngi | iya mangkono ugi | tadhahku sasumbul-sumbul | nora angombe toya | amung sêmăngka ngong bukti | tadhah ingsun tiga-tiga sambên dina ||
16. milaningsun katiwasan | bêdhaharan ingsun sakit | kakehan toya kêlapa | aja na Si Sêtrènggati | baya ingsun ngêmasi | kadhêmên padharan ingsun | enjing ingsun têlasan | adhahar pindhang kêbiri | mèh kêsambut ingsun dhahar rujak nanas ||
17. kakang bok punapa karsa | wêkasane awak mami | yèn batên sagaha sampeyan |[55] amanggihakên wak mami | ing dintên benjing-enjing | lan kadange ki tumênggung | yêkti amit kawula | ngulari margane pati | wirang gêsang kawula angur matia ||
18. lamun benjing kêlakona | mendah sukane kang ati | akrama mas ayu ika | pan agêng punagi mami | kawula sênggarani | ing karsa dika pukulun | iki wong ayu endah | akèh atmajane benjing | gumariwis padha seba dhatêng uwa ||
19. kusuma yu ing Mêmênang | amicarèng jroning ati | nora lidok ujar ingwang | adhiku Si Gunungsari | ature maring mami | bocah iki cêlap-cêlup | kusuma di ing Daha | wuwuse arum amanis | lah emuta pan dudu sêsaminira ||
20. ingsun iki bêboyongan | yêkti yayi nora wani | matur ing kangjêng pangeran | anêdhaa ingkang rayi | wirange awak mami | lamun pangeran tan asung | yèn sira darbe karsa | matura ing rama aji | ala apa benjing yèn têka ing Daha ||
21. Undhakan Astrawijaya | ature asêmu runtik | bok sampun angangge rama | adoh wong maring Kêdhiri | mênèk mati ing margi | sapa sintên ingkang wêruh | bok sampeyan piyambak | angêrapbèkakên mami | yèn tan sanggup wong tuwa damêl punapa ||
22. Undhakan Astrawijaya | wus lèngsèr ngarsa anuli | mêdal sarwi garunêkan | wong tuwa manasbarani | dene kudu alaki | tan wani matur ing kakung |
--- 201 ---
benjing dika kêrasa | yèn kula sampun ngêmasi | pêsthi pêjah yèn ingsun tan kêlakona ||
23. kusuma yu ing Mêmênang | mêksih nèng sor nagasari | tan pêgat rinasa-rasa | wau ature kang rayi | kusuma di Kêdhiri | alon dènira amuwus | Abong sira matura | maring yayi kusuma di | kadang ingsun yayi Dèwi Surèngrona ||
24. mangkana kusuma Daha | anuli lêkas nênulis | mustakane pandhan surat | lah Abong aturna iki | marang ing yayi dèwi | dèn aturna maring kakung | Ni Abong awot sêmbah | datan kawarna ing margi | sampun prapta ing ngarsane putri Cêmara |[56]|
25. bibi ingutus punapa | dhatêng Ratu Mas Kêdhiri | Ni Abong majêng tur sêmbah | kawula inggih tinuding | angaturakên tulis | katura ing radèn ayu | wahanane nuwala | wêlinge raka sang adi | kaatura dhumatêng kangjêng pangeran ||
26. mèsêm putri ing Cêmara | lah inggih matura bibi | manira nora lênggana | ing karsa sang kadi Ratih | yêktine anglampahi | gèn manira dipun utus | lèngsèr putri Cêmara | nuwala sampun cinangking | lampahira anjujug bali[57] kambangan ||
27. Kêlana Jayakusuma | eca asare kêpati | anèng ing bale kambangan | Dèwi Surèngrana prapti | anèng dagan alinggih | angayog[58] padane kakung | pangeran awungua | dhuh gustine para manis | dingarène asare bale kambangan ||
28. akagèt nuli alênggah | Kêlana Jayadiluwih | kusuma wontên punapa | amungu gèn ingsun guling | putri Cêmara angling | kawula dhapur ingutus | dhatêng rayi sampeyan | kusuma kang mindha Ratih | atur tulis nanging sêmune wikana ||
29. nuwala wus tinampanan | anuli liningling-lingling | sêmune sampun kadhadha | mèsêm amicarèng ati | Ratu Ayu Kêdhiri | kang anukma ing pandulu | wiyose darbe karsa | bok aja ya nganggo tulis | timur mila wêwikine wong Mêmênang ||
30. yèn ora sun turutana | pantêse manahe sakit | murca sangking pagulingan | ing ngêndi gonku ngulari | marase ingkang ati | mênawi kadi karuwun | murca tilar nêgara | amarga lara kang galih | têkèng tuwa cugêtane wong Mêmênang ||
31. matur Dèwi Surèngrana | kawula anungsung warti | ki tumênggung angandika | arinira Ragil Kuning | kinarsakakên yayi | maring Radèn Wukirsantun | suka putri Cêmara | akêplok astane kalih | yèn pênêde panggiha ing bènjang enjang ||
32. Kêlana Jayakusuma | anari dhatêng kang rayi | lah yayi Ragil Onêngan | iya sira ingsun tari | sira lakia yayi | idhêpên pitutur ingsun | sira sampun diwasa | suka wadenên wak mami | alakia olih Ki Sastrawijaya ||
33. matur Dèwi Ekawarna | ature anyalawadi | kakang kawula lênggana | pangeran tan arsa laki | asil punapa laki | inggih asae wong nganggur | wêrtine wong akrama | agung prihatine ugi | kang sarira pan mêksih nglampahi papa ||
34. mila tan arsa akrama | bilih kinawayuh benjing | marase galih kawula | mênawi dèn isin-isin | rayi sampeyan èstri | kakang wong bodho balilu | Klana [Kla...]
--- 202 ---
[...na] Jayakusuma | saure arum amanis | wus jamake wanodya binandhung tiga ||
35. yèn sira tan arsa krama | yayi ingong supatani | tan arsa angaku kadang | yèn sira arsa alaki | lan Radèn Wukirsari | iya nyata kadang ingsun | ingsun têdha ing dewa | tulusa wibawa mukti | sêlamêta rahayu saumurira ||
36. mujar Dèwi Surèngrana | lah yayi tirunên mami | yayi sira akramaa | atirua polah mami | dèn ugung polah mami | aparentah para maru | sanadyan kakangira | pangeran sang adipati | nora wani dukani wong tanpa dosa ||
37. matur Dèwi Ekawarna | kawula arsa alaki | pan wontên atur kawula | lênggana dipun umbangi | kaping kalihe malih | lênggana dipun kêmaru | kaping tiga kawula | tan arsa laki madati | ping sêkawan datan arsa wong botohan ||
38. Kêlana Jayakusuma | wuwuse arum amanis | sampun wancine satriya | rêmên akasukan yayi | lamun kasăngga yayi | lumampah karyane ratu | iya alane jalma | yèn tilar karya nêrpati | utamane yèn mati karya nalendra ||
39. Kêlana Jayakusuma | wuwuse arum amanis | kakang Prasănta matura | maring kusuma Kêdhiri | sira kon amaèsi | arine Si Wukirsantun | yayi mas ing Cêmara | amaèsana kang èstri | undhangêna sakathahe para garwa ||
40. yèn wus padha pinaesan | panggiha ing ngarsa mami | Ki Prasănta wus lumampah | matur ing putri Kêdhiri | wêlinge ki dipati | wus katur mring Radèn Galuh | kusuma yu ngandika | maring sira Bayan Sanggit | apajara maring Ki Wukirkusuma [Wukir...]
[Ilustrasi]
--- 203 ---
[...kusuma] ||
41. Bayan Sanggit sampun prapta | ing ngarsane Wukirsari | Undhakan Astrawijaya | kapanggih mujung aguling | sarwi maca rêrêpi | Astrawijaya angidung | wicarane ngêngudang | dhuh gusti kang asung brangti | ayu têmên itên adi tumênggungan ||
42. pan sami mèsêm tumingal | sira wau Bayan Sanggit | kalingane gustiningwang | asangêt brăngta wiyadi | yèn wandea apanggih | tan wande mati anglayung | Rahadèn Wukirsêkar | anuli nyapa aririh | alinggiha karo kinongkon punapa ||
43. ingutus raka andika | wiyose atur upêksi | lah inggih raka andika | luntur sihe ki dipati | apan andika gusti | pinanggihakên ing besuk | lan Dèwi Ekawarna | nanging pêpusêke gusti | radèn ayu mangkana ing karsa dika ||
44. kinawayuh datan arsa | tan purun amadati |[59] miwah yèn dika kasukan | rahadèn pinancal wani | Rahadèn Wukirsari | alon dènira amuwus | siyang dalu sandika | ing karsane kusuma di | pêjah gêsang kawula nungkêmi pada ||
45. yèn tan piyandêl kusuma | dipun gêdhonga awak mami |[60] dipun lothèka kiwala | dèn angkuha lir bêbayi | tan lênggana wak mami | sakarsane radèn ayu | sanadyan satauna | kinungkung ing tilamsari | tan lênggana dhatêng sang adi kusuma ||
46. datan kawarna sêmana | wau Radèn Wukirsari | apan sampun arêrasan | dhatêng kusuma Kêdhiri | sagunge pramèswari | pan sampun sinungan jro kalbu |[61] sira Dèwi Onêngan | pan sampun dèn paèsi |[62] wus kinanthi maring Dèwi Surèngrana ||
[Ilustrasi]
--- 204 ---
47. apan Radèn Wukirsêkar | kinanthi putri Kêdhiri | kawarnaa sarêng prapta | ing ngarsane sang adipati |[63] sagunge para manis | pan sami suka andulu | Radèn Wukirkusuma | lawan Dèwi Ragil Kuning | sampun sarêng pranata dhatêng kang raka ||
48. abungah marwata suta | tyasira sang adipati | tanapi kang para garwa | sadaya suka ing galih | gamêlan munya ngêrangin |[64] awor lan kêplok gumuruh | kang nyênggaki bêdhaya | pinirsa munya ngêndhani | dhahar nginum sagunge kadang kadeyan ||
49. pitung dalu pitung dina | lamine dènnya kêpanggih | Undhakan Astrawijaya | kalawan Ni Ekawarni | tansah dadya pêpengin | kadya mimi siyang dalu | among winong kalihan | kawarnaa sampun lami | ki tumênggung anèng ing Sapigumarang ||
50. Kêlana Jayakusuma | mila tan mantuk tumuli | sangking ing Sapigumarang | dene dèrèng dèn timbali | maring sri narapati | tansah asiniwakèng lulut |[65] agung olah asmara | Kêlana Jayadiluwih | sugih garwa tan anut among asmara ||
47. Pupuh Sêmaradana ingkang gumanti
1. kocapa Prabu Kêdhiri | wau kuthane wus bêdhah | lèngsèr atilar kêdhaton | ingiring kang wadyabala | sakarine kang pêjah | akèh punggawa kasambut | kathah ingkang nandhang brana ||
2. Sang Prabu Ngurawan nênggih | wus abantu sabalanya | arame pêrang rêrêmpon | tumpês wadya ing Ngurawan | akèh punggawa pêjah | acampuh anèng Jongmèru | kalindhih kathah katawan ||
3. ratu ing Nungsyatêmbini | ingkang bêdhah ing Mêmênang | kêcarita ratu wadon | nalendra abala nata | pêpadha putra wanodya |[66] tiga wêlas kathahipun | sami prawirèng ayuda ||
4. gêgamane kang prajurit | dudu bêdhil dudu tumbak | dudu pêdhang tamsir mangke | dudu titak kalawan gêlanggang |[67] dudu pasêr lawan panah |[68] dudu bungsur lawan tulup | dudu bindi dudu gada ||
5. putri ing Nungsyatêmbini | gêgamane yèn ayuda | puspacara[69] karang mêlok | gêgubahan surèngpatya | tinêlorong mring sadak | mila wong Ngurawan gêmpur | binalang ing puspajara[70] ||
6. gêgubahan surèngpati | yèn binalangakên jăngga | pan tigas pancing janggane | lamun kêna bau sêmpal | yèn kêna dhadha bêngkah | lamun kêna wêntis rampung | yèn kêna mêstaka pêtcah ||
7. cacak kang wong kêre wêsi | dèn têlarong sadak tatas | kêre lapis tiga balong[71] | jaja têrus ing walikat | balane wong Ngurawan | dèn sirati burat arum | gasong[72] mati kapisanan ||
8. putrane Prabu Kêdhiri | aran Radèn Pênambangan | anênggih sampun kêtaton | tatu lambunge kang kiwa | tinêlarong ing sadak | Patih Jayabadra tatu | wêntise kiwa kabranan ||
9. pan arsa kapupu singgih | sêlêk rinêpbut kang wadya | Tumênggung Salahpaniron | pan sampun anandhang brona[73] | apan baune kiwa |
--- 205 ---
milane anandhang tatu | sinawat ing gêgubahan ||
10. wontên mantri ing Kêdhiri | pan sampun anandhang brona | awasta Ki Arya Tiron | tatu wêntise kang kanan | mila anandhang brona | labête asaroh amuk | binalang ing puspajara ||
11. kang mati nora kawilis | mantri punggawa Mêmênang | akathah wadya kalaton[74] | milane prabu ing Daha | agiris ingkang manah | bala tan kêna ingadu | sêntona lan para putra ||
12. prajurit Ngurawan sami | akathah kang nandhang brona | Ki Wirajămba kêlaton | jaja têrus ing walikat | milane nandhang brona | kalane asaroh amuk | tinêlarong rêrawisan ||
13. nanging nora angêmasi | Angabèi Wiratikta | anênggih sampun kêlaton | lawan Dêmang Pangancanan | sarênge nandhang brona | miwah Arya Jayèngkewuh | pan sampun anandhang brona ||
14. sakathahe angêmasi | punggawa ing Bauwarna | giris manahe sang katong | dene wadya ing Bauwarna |[75] tan kêna ingabêna | malah kang wahana ratu | gajah Si Jagamaruta ||
15. angungsi Ngaldaka Wilis | sang prabu ing Bauwarna | tan pisah lawan sang katong | sri bopati ing Mêmênang | sami ngungsi ngaldaka | sang prabu anjaluk tulung | mring Wasi Curiganata ||
16. wadya ing Nungsyatêmbini | akathah longe kang pêjah | kala acampuh yudane | lan Wasi Curiganata | mawur wong tanah sabrang | kalindhih sangking ing gunung | kang mati tanpa wilangan ||
17. sakèhe kang nandhang kanin | sadaya sinung usada [u...]
[Ilustrasi:] Sang prabu ing Kêdhiri, kabêrêk mungsuh ngili.
--- 206 ---
[...sada] | ing Wasi Curigakatong | sadaya padha waloya | sakèhe para putra | mantri punggawa atatu | sadaya pan waloya |[76]|
18. ing mangke Prabu Kêdhiri | apan lagya pagunêman | kalawan kang rayi katong | sang prabu ing Bauwarna | miwah sagunge bala | ingkang tan pêgat tinantun | Ki Wasi Curiganata ||
19. ngandika Prabu Kêdhiri | mring Wasi Curiganata | lah sira undurna age | sakèhe wong tanah sabrang | kang ona ing Mêmênang | sira undurna nak ingsun | rêbutên nêgaranira ||
20. alon angandika aris | sang prabu ing Bauwarna | manis arum pamuwuse | Ki Wasi Curiganata | nyawa anak manira | yèn èstu sira atulung | mring kakang aji ing Daha ||
21. lah dawêk jêbèng ki wasi | sampun nyawa kêlayatan | nuli pagutên dèn age | sakèhe mungsuh ing sabrang | ingkang ngancik Mêmênang | alon dènira umatur | Ki Wasi Curiganata ||
22. anuhun duka nêrpati | tan sanggap[77] angundurêna | ing mêngsah sang ratu wadon | yèn mênggah awak kawula | atapa ing aldaka | kêni jinalukan tulung | padu ngaji pirabara ||
23. ngandika Prabu Kêdhiri | yèn mangkono sun atanya | ki wasi maring dhèwèke | sapa kuwasa ngalahna | mungsuh wong tanah sabrang | kang ngancik nêgaraningsun | Prabu Romarêsi ika ||
24. umatur dhatêng sang aji | Ki Wasi Curiganata | atur kawula sang katong | wontên yogya ngawonêna | dhatêng prabu wanodya | kang wasta Radèn Tumênggung | Kêlana Jayakusuma ||
25. dewaji sampun pinêsthi | kawone nalendra sabrang | atur
[Ilustrasi]
--- 207 ---
kawula sang katong | pun Wasi Curiganata | purun dipun têtêka | dèn yêktènana pukulun | dewaji atur kawula ||
26. ngandika Prabu Kêdhiri | sakèhe mantri Mêmênang | tan ana aran makono[78] | umatur Prabu Ngurawan | mantri ing Bauwarna | wontên kang aran Tumênggung | Kêlana Jayakusuma ||
27. nanging ajale kariyin | dewaji wong sangking Dhayak | suwita kula wiyose | langkung sêti măndraguna | tate bêdhah nêgara | warnane anom abagus | milane ngambil atmaja ||
28. amangke kawula tuding | abêdhah Nungsyakambangan | dèrèng pêrmana wartine | tan wikan kalamun kalah | miwah kalamun mênanga |[79] sampun lami lampahipun | Kêlana Jayakusuma ||
29. ki wasi asru dènnya ngling | dewaji atur kawula | pan sampun mênang yudane | lampahe putra panduka | Klana Jayakusuma | nêgari Bali wus gêmpur | putrine sampun katawan ||
30. ngandika Prabu Kêdhiri | ingsun amiyarsa warta | sanging[80] wartane wong akèh | Kêlana Jayakusuma | lintang dene prawira | yèn mangke nêgara Wangsul | wartane wus bêdhah lama ||
31. ya ta Sang Prabu Kêdhiri | amicarèng jroning nala | kêraos putrane karo | hèh Nini Căndrakirona | Radèn Wukirkusuma | sira akulaka tutur | rusake nêgaranira ||
32. sapa kang yogya tinuding | nimbali Jayakusuma | Prabu Ngurawan ature | dewaji lamun sêmbada | pun Arya Pênyangkringan | animbali Ki Tumênggung | Kêlana Jayakusuma ||
33. ngandika Prabu Kêdhiri | hèh Arya sun karya duta |
[Ilustrasi]
--- 208 ---
miyanga sira dèn age | poma sira timbalana | Klana Jayakusuma | supami kapanggih angluh | hèh Arya si tandhua |[81]|
34. têlas wêlinge nêrpati | Radèn Arya wus lumampah | wong limang atus rowange | sami awahana kuda | tumurun sangking arga | ing wot ruyung marganipun | lampahe agêgancangan ||
35. ingkang kawarnaa malih | para putra ing Jênggala | arsa bantoni pêrange | tulung maring Prabu Daha | nora mênangi karya | sadaya sami gêgêtun | dene kalindhih wus bêdhah ||
36. sampun amiyarsa warti | sang prabu ing Mêmênang |[82] ing Arga Wilis ênggone | milane putra Jênggala | sami minggah ing aldaka |[83] aseba dhatêng sang prabu | saprabote ing ayuda ||
37. Tumênggung Kalamisani | lan Tumênggung Adiraja | Ki Răngga Maospatine | punika mantri Jênggala | tate abangkat karya | padha mantri kamisêpuh | anganthèni para putra ||
38. pan sang prabu ing Kêdhiri | pinarêk pucuke ngarga | lagya kalihan sang katong | kalih Sang Prabu Ngurawan | lagya apagunêman | kasaru ing praptanipun | para putra ing Jênggala ||
39. Radèn Panji Sutra prapti | lan Panji Sutradiwăngga | Panji Sutrana jajare | Panji Cakaran Sandhatan | Jaringan lan Sirigan | Pakuwon lan Têpaspitu | Rawitan lawan Mandhapan ||
40. Panji Gêdhah sampun prapti | Jêjêtan lawan Antunan | Panji Layaran sisihe | kalawan Panji Gadhingan | lawan Panji Tambangan | Pambêrpag[84] lawan Pamêcut | Têrate Jayèngkantaka[85] ||
41. sadaya sami anangis | agênti nungkêmi pada | Prabu Kêdhiri wuwuse | hèh sakèhe anak ingwang | para putra Jênggala | apa baya alaningsun | sira aku wong atuwa [atu...]
[Ilustrasi]
--- 209 ---
[...wa] ||
42. rusak nêgara Kêdhiri | baya bungah manahira | apa iya alaningong | ingaku kadang taruna | dene Prabu Jênggala | apan ana jangjiningsun | pan tigan sapêtarangan ||
43. rêmuk nêgara Kêdhiri | Jênggala aja sêlaya | yèn jamak padha rarêmpon | Ngurawan aja sêlaya | tanapi Singasêkar | sêkawan sarênga rêmuk | iku jangjine ing kuna ||
44. sadaya sami wotsari | para putra ing Jênggala | anuhun duka sang katong | dene tan miyarsa warta | panduka magut yuda | lamun sêmbada pukulun | mangke pinanggut ing yuda ||
45. kawula arêpbut jodhi | lawan nalendra ing sabrang | andika abên sang katong | putra sampeyan ing Jênggala |[86] agung gagah prakosya | milane purun ingadu | angêrbut nêgarèng Daha ||
46. mèsêm Sang Prabu Kêdhiri | pira kaki balanira | Ki Panji Sutra ature | amung gêgaman salêksa | padha wong sasêliran | tur padha wong têguh timbul | tate abêdhah nêgara ||
47. prabu ing Ngurawan angling | inggih dewaji sêmbada | nêhêr dhinahar ature | putra sampeyan sadaya | anuntên karêpbuta | nêgari Daha pukulun | mêngsah dèrèng angayangan ||
48. sang aprabu ing Kêdhiri | asru dènira ngandika | Midaka sira sun kongkon | nini sira aturana | Wasi Curiganata | ingsun pundhut rêmbagipun | rèh ingsun yun magut yuda ||
49. Dèwi Midaka wotsari | gupuh dènira lumampah | datan kawarna lampahe | Ki Wasi Curiganata | wau sampun katuran | prapta ngarsane sang prabu | lir gundhala kapawanan ||
50. sadaya sami ningali |
[Ilustrasi]
--- 210 ---
para putra ing Jênggala | padha karasa manahe | andulu ing warnanira | Wasi Curiganata | dene mèmpêr kadang isun[87] | Rahadèn Nila Prabăngsa ||
51. sami amicarèng ati | para putra ing Jênggala | yèn ingsun dulu warnane | kang aran Curiganata | ya kaya kakang pangeran |[88] ing Wanagiri Tumênggung | kang mati ing sabaparan ||
52. Wasi Curiga ningali | mring para putra Jênggala | gumuyu ing jro nalane | nanging sinamur ing basa | malar aja katara | alon dènira amuwus | sri bopati ing Mêmênang ||
53. milane ingsun timbali | ki wasi ing pakênira | arsa sun tari budine | ingsun arsa magut yuda | angêrbut kitha Daha | ingkang yogya ingsun adu | para putra ing Jênggala ||
54. ki wasi umatur aris | pukulun atur kawula | sampun tuwan pagutake | para putra ing Jênggala | dewaji datan nyăngga | pangraose manah ingsun | dhatêng sang prabu wanodya ||
55. pangraose ingkang galih | dewaji măngsa mênanga | mênawi risak kapindhon | pukulun dados punapa | yèn putra ing Jênggala | kadauta dene mungsuh | sang prabu mundur bramantya ||
48. Durma
1. langkung duka sang prabu sajroning nala | kadya yayah sinipi | iki si wong apa | ambêke sumêntana | angapêsakên ing mami | agugung[89] mêngsah | baya arsa ambalik ||
2. asru mujar sri naranata ing Daha | hèh lungaa ki wasi | aja sira tapa | anèng ardi ing Daha | aja na ing Arga Wilis | yèn manahira | angapêsakên [anga...]
[Ilustrasi]
--- 211 ---
[...pêsakên] mami ||
3. èsmu runtik Ki Wasi Curiganata | ature mêlasasih | rèh kawula têngga | ing pasitèn panduka | sakêdhap panduka tari | mirma kawula | amrih atur kang bêcik ||
4. yèn tan kangge pukulun atur kawula | langkung karsa dewaji | asru angandika | sang prabu ing Mêmênang | maring ki rêkyana patih | hèh adadana | ingsun magut ing jurit ||
5. Prabu Daha sampun awahana liman | saha bala angiring | prabu ing Ngurawan | sampun wahana gajah | sabusanane ngajurit | putra Jênggala | dadi cucuke jurit ||
6. wus sumahap bala mantri ing Mêmênang | tumurun sangking wukir | lir ombak sagara | syarane balakusya | kêndhang gong bêndhe tinitir | yèn piniyarsa | kadi ngrubuhna wukir ||
7. wus sumahap wadyabala ing Ngurawan | mudhun sangking ing wukir | kadi wêrdu ăngga | gumêr kêndhang têngara | bêndhene tinitir-titir | yèn piniyarsa | kadi bêngkahna bumi ||
8. kèhing wadya tumurun sangking aldaka | rata kang jurang curi | kang rêngkêt apadhang | wana dadi ra-arang[90] | tunggul kadi obar-abir | daludak awra | lir uruh ing jêladri ||
9. ênêngêna lampahe Sang Prabu Daha | kang mudhun sangking wukir | gênti kawarnaa | sang prabu tanah sabrang | kang anèng kitha Kêdhiri | lagi sineba | Prabu Nungsyatêmbini ||
10. kêkasihe sang prabu ing tanah sabrang | Mahraja Romarêsi | wayah gumapula | ayu prawirèng yuda | putranira padha èstri | pan tiga wêlas | padha putri prajurit ||
11. sakathahe kang seba padha wanodya | upacarane asri | alon angandika | nêrpati tanah sabrang | lah pagene sira nini | nora kêcandhak | sang prabu ing Kêdhiri ||
12. ingkang putra sadaya matur anêmbah | mila kaburu mami | sangking ing aldaka | wadya akathah pêjah | ayuda kalih wêwasi | sangking aldaka | kalintang dene sêti ||
13. kêkasihe Ki Wasi Curiganata | sêsumbare duk jurit | rema jatha gimbal | dêdêge gêng apanjang | uwang malang pupu gangsir | awak nêmbaga | bêrngos godhèk ngajrihi ||
14. kadi udan lêmbing sadak kaslêntikan | datan wontên nêdhasi | sêkar gêgubahan | kula karya bêbalang | inggih datan anêdhasi | lintang prawira | ki wasi Ngarga Wilis ||
15. yèn mangkono Ki Wasi Curiganata | iku kang dipun ungsi | maring Prabu Daha | padha sira gawea | sadak rawis kang abêcik | myang gêgubahan | burat wangi kang amrik ||
16. ingsun dhewe ingkang arsa lumakua | minggah ing Arga Wilis | arsa anyêkêla | maring Sang Prabu Daha | lan Prabu Ngurawan ugi | yèn kacêkêla | karo padha sun godhi ||
17. lamun uwis sang nata karo kabêsta | benjang pangarah mami | ambêdhah Jênggala | banjur ing Singasêkar | alêga rasaning ati | yèn kalampahan | kakêpêl nungsya Jawi ||
18. lagi eca dènira timbal[91] wêcana | Prabu Nungsyatêmbini | kasaru kang prapta | Dipati Sokadana | amiyak wadya kang nangkil | prapta ngajêngan | matur sang prabu dèwi ||
19. nuhun duka pukulun atur [a...]
--- 212 ---
[...tur] uninga | yèn Sang Prabu Kêdhiri | têdhak sing aldaka | sumahap wadyanira | kadya arsa magut jurit | asru ngandika | Sang Prabu Romarêsi ||
20. age nini padha sira wêtonana | papagên ing ajurit | sang prabu ing Daha | lawan Prabu Ngurawan | ingsun amujya sêmèdi | sanggar langgatan | sira mênanga jurit ||
21. atur sêmbah ingkang putra tiga wêlas | tur padha ayu luwih | sampun lumêksana | ingiring wadyabala | sakèhe prajurit èstri | prajurit lanang | anèng ing ngarsa têbih ||
22. padha paès sakèh prajurit wanodya | gêlang găngsa cêlumpring | pênding têbah jaja | jamang mas kinatipa | warnanira ayu luwih | myang paèsira | dinulu angedani ||
23. kang angiring padha wanodya sadaya | wong ing Nungsyatêmbini | sapraboting yuda | miwah sasikêpira | dudu tumbak dudu kêris | pan dudu pêdhang | dudu bungsur jêmparing ||
24. kang sawênèh gendhong sadak rêrawisan | burat lan lênga wangi | sêkar gêgubahan | kalawan puspajara | karang mêlok gajah nguling | jae sarempang | miwah kang bungah ramping ||
25. kawarnaa wus prapta madyane ngrana | tatan-tatan ajurit | kang munggèng ing ngarsa | Adipati Manila | Banjar Mêlayu lan Kocing | lan Sokadana | kang arsa campuh dhingin ||
26. bêdhil mariyêm kalataka lan sunapan |[92] wus pasang dèn sulêdi | syarane lir gêlap | awor syarane
[Ilustrasi]
--- 213 ---
surak | kukus pêtêng anglir wêngi | mimis lir udan | angrangsêk padha wani ||
27. ramening prang tanbuh mungsuh lawan rowang | gênti ukih-ingukih | wus campuh kang yuda | lan raja ing Mêlaka | arame dènira jurit | gênti kasoran | dènnya asilih ukih ||
28. Prabu Daha anêrêgakên dipăngga | sumahap padha ngukih | wus campuh ngayuda | lan Nêrpati Mêlaka | arame dènira jurit | gênti kasoran | dènnya asilih ukih ||
29. wus kalindhih yudane wadya Jênggala | rêmpu kathah kang mati | pan kawratan lawan | kadi kang sapu wudhar | lapak kalindhih ngajurit | wong ing Jênggala | tan ana măngga pulih ||
30. sigra tandang para putra ing Jênggala | umangsah ing ajurit | Radèn Panji Sutra | lawan Panji Sutrana | lawan Radèn Têpaswujil | sarêng umangsah | lir saradula wani ||
31. pan kotbuta para putra ing Jênggala | padha agalong pipis | ana kadi yêksa | ana kadi andaka | tandange dènira jurit | Jayèngantaka | lir bajo angêjawi ||
32. sarêng mara kang pinrih kiwule yuda | sadaya antuk jodhi | kang pinarak bubar | ingkang katrajang gêmpang | wong tanah sabrang kèh mati | pating sulayah | wangke sungsun atindhih ||
33. lir ampuhan syarane wong nantang lawan | awor sambate kanin | kalindhih wong sabrang | akèh longe kang pêjah | kang lumayu rêbut urip | atilar watang | padha malik kulambi ||
34. kapêlayu nêrpati ing Sokadana | awor lawan [la...]
[Ilustrasi]
--- 214 ---
[...wan] wong cilik | Nêrpati Mênila | kalindhih barisira | prajurite akèh mati | tumpês kang wadya | larut tangn[93] măngga pulih ||
35. sumawona barise Nêrpati Banjar | rêmpu kathah kang mati | bubar balanira | datan măngga puliha | punggawane sirna ênting | Nêrpati Banjar | lumayu ngungsi wuri ||
36. sirna gêmpang akèh balane kang pêjah | barise natèng Kocing | sirna alorodan | ingkang gêsang lumajar | ingkang panggah angêmasi | pisah lan wadya | natèng Kocing kalindhih ||
37. ingkang kari barise para wanodya | wong ing Nungsyatêmbini | kang durung ayuda | maksih gêgêr kiwala | sagung ingkang para putri | pan tiga wêlas | padha putri prajurit ||
38. kang sawiji awasta Dèwi Sudarga | kapindho Dèwi Sudargi |[94] kaping tiganira | aran Dèwi Sutikna | kaping pat Dèwi Sutali | kaping limanya | aran Dèwi Sutikni ||
39. kaping nême awasta Dèwi Sukarsa | pitu Dèwi Sutarki | kaping walunira | aran Dèwi Supadma | ping songa Dèwi Sêntaki | kaping sadasa | Dèwi Konthakya wani ||
40. ping sawêlas awasta Dèwi Trasona | kaping rolase malih | pan Dèwi Radeya | jangkêpe tiga wêlas | awasta Dèwi Sukrasni | kabèh pêpujyan | karane padha sêkti ||
41. tiga wêlas putra angsale mêmujya | mring Raja Romarêsi | putrane kang nyata | mung kalih gènnya yogya | jalu kalawan èstri |[95] pan kinasihan | iku putra sayêkti ||
42. sarêng mangsah para putri tiga wêlas | saha bala mapulih | sumahab ing rana | balakusya wanita | tandangira padha wani |
[Ilustrasi]
--- 215 ---
sarêng asurak | lir udan sinêmèni ||
43. kang sawênèh ngalêm sadak rêrawisan | ana kang jambe wangi | ana gêgubahan | miwah kang puspajara | karang mêlok bungah ramping | myang êndhèk rêmak | miwah agajah anguling |[96]|
44. kang sawênèh gêgamane jajêpbadan | wida lan burat sari | iku yèn apêrang | kang kinarya gêgaman | wadya ing Nungsyatêmbini | padha prawira | ing sabrang pilih tandhing ||
45. èsmu kanggêk para putra ing Jênggala | aprang mungsuh pawèstri | alon angandika | para putra Jênggala | puniki baris sing pundi | padha wanodyang[97] | mujar rêkyana patih ||
46. pan mangkana ujare Ki Jayabadra | wong ing Nungsyatêmbini | gih puniku radyangn[98] | ingkang awrat piyambak | rahadèn dèn ngati-ati | putra Jênggala | sumahap padha wani ||
47. apan campuh yudane wong ing Jênggala | lah wong Nungsyatêmbini | arame kang yuda | surak ambal-ambalan | arame ukih-ingukih | putra Jênggala | yudanira kêlindhih ||
48. dipun balang maring sumping gêgubahan | dèn lêmbing sadak rawis | dèn balang ing wida | dèn sirati ing gănda | dèn tawuri bungah ramping | putra Jênggala | sadaya nandhang kanin ||
49. kapêlayu Rahadèn Sutradiwăngga | sarwi anandhang kanin | lambunge kang kiwa | tinêlorong ing sadak | Radèn Panji Sutra kanin | lambunge kanan | binalang ing sêsumping ||
50. kapêlayu Jêjêtan lawan Antunan | sami anandhang kanin | karo tatu jaja | binalang puspajara | Radèn Têpaswujil kanin | lambung kang kiwa | binalang surèngpati ||
51. Panji Gêdhah Cakaran lawan Sirikan | sarêng anandhang kanin [ka...]
[Ilustrasi]
--- 216 ---
[...nin] | tan kêna puliha | para putra Jênggala | tan ana waras sawiji | putra Jênggala | sadaya nandhang kanin ||
52. sirna larut para putra ing Jênggala | akathah ingkang mati | katawan ing wida | kabranan dene gănda | tiga wêlas putri sêkti | pangamukira | kabèh padha mêrnani ||
53. sakathahe wadyabala ing Jênggala | kathah mati ngajurit | gêsêng tatunira | ingkang binalang lênga | kang kêna gambir mêlathi | tatune prana | nanging nora ngêmasi ||
54. pan sadaya para putra ing Jênggala | kang sami nandhang kanin | padha dèn rêrămpa | marang ing wadyanira | binêkta minggah ing wukir | padha lumajar | sami nangisi gusti ||
55. Prabu Daha ningali putra Jênggala | juritira kalindhih | maras manahira | angenggokakên liman | wus lèngsèr minggah ing wukir | manahe giras | mawur bala Kêdhiri ||
56. wong Kêdhiri lir mina katiban tuba | kawus manahe kanji | mila sapunika | kala bêdhahing Daha | wong Kêdhiri akèh mati | marmane giras | manahe datan pulih ||
57. Sri Bopati Ngurawan kagèt tumingal | putra Jênggala gusis | maras manahira | mundur wahana liman | sumêngka angungsi wukir | manahe gila | mawur kang bala mantri ||
58. putra sabrang suka sarêng asêsumbar | amuk wadya Kêdhiri | payo wong Ngurawan | majua wong Jênggala | yèn arsa padha ngêmasi | mêksih akathah | kêmbangku bungah ramping ||
59. padha munggah ngaldaka wadya wanodya | angungsêk wong Kêdhiri | bêndhene angangkang [angang...]
[Ilustrasi]
--- 217 ---
[...kang] | surak awor gamêlan | pêlayune wong Kêdhiri | saya agiras | ing pungkur tan katolih ||
49. Pupuh Pangkur ingkang gumanti
1. Ki Wasi Curiganata | sadangune ningali wong ajurit | angadêk têpine parung | sarwi sendheyan gurda | pan Ki Wasi Curiganata gumuyu | waja kengis rangah-rangah | nora lidok ujar mami ||
2. remane kathah apanjang | jatha gimbal malah tumibèng siti | ki wasi angrik anguwuh | apêtak ciya-ciya | kêmbulana prajurite wong ing gunung | lah payo barênga mara | sakèh wong Nungsyatêmbini ||
3. Ki Wasi Curiganata | kinêmbulan sagung wadya pawèstri | pirang atus kang ngêrubut | marang Wasi Curiga | kadi jawuh wisayane ingkang mungsuh | sadak lawan gêgubahan | wida lawan jêbat wangi ||
4. karang mêlok puspajara | bungah ramping kalawan gajah nguling | sangking kèhe kadi jawuh | tumiba ing sarira | nora pasah Wasi Curiga atimbul | lir pendah kêbo agupah[99] | wida lawan bungrat[100] wangi ||
5. Ki Wasi Curiganata | sigra cawêt bêdhol kajêng waringin | anulya asaroh amuk | wêrksa kurda ingikal | ting sulayah anêmpuh ing padha kayu | Ki Wasi Curiganata | ngamuk sarêng udan angin ||
6. datan ana kang tumama | wisayane wadya Nungsyatêmbini | kang kaparag bubar larut | kasabêt kayu gurda | wong ing Nungsyatêmbini kathah kang lampus | ana kang baune sêmpal | pêcah dhase angêmasi ||
7. ana kang awake rêmak | kang sawênèh putung
[Ilustrasi]
--- 218 ---
wêntise kalih | ana putung gigiripun | apan pating sulayah | kang sawênèh lumayu agulung-gulung | wênèh gêlundhung ing jurang | kèh mati kagulung curi ||
8. kalindhih bala wanodya | bubar larut wadya Nungsyatêmbini | sêlêk kasapih ing dalu | Wasi Curiganata | awak lêsu minggah ing pêrtapanipun | ya ta Sang Prabu Mêmênang | lan Prabu Ngurawan kalih ||
9. sarêng sami ngrangkul padha[101] | mring ki wasi sangking kanan lan kèri | Sang Prabu Daha amuwus | ya bênêr aturira | para putra sadaya pan sami rêmpu | sadaya anandhang brana | sira jampènana kaki ||
10. sakèhe kang nandhang brona | amung sira kang yogya ajampèni | Wasi Curiga umatur | kawula tan tiyasa | pintên banggi yèn dados marga pukulun | lawan kêrsane juwata | mulya ingkang nandhang kanin ||
11. mèsêm sang prabu ing Daha | inggih lêrês ujare êmas wasi | ratu ing Daha wus kondur | maring pakuwonira | ingkang rayi Ngurawan makuwon sampun | sakèhe kang nandhang brana | kinalumpukakên sami ||
12. maring ing sanggar langgatan | sampun pêpêk sakèh kang nandhang kanin | ana turon ona lungguh | sangking sangête brona | pan ki wasi gumuyu latah andulu | nora lidok ujar ingwang | padha dadi gawe mami ||
13. Ki Wasi Curiganata | mêsu tingal nêdha dewa kang luwih | sidhakêp ngêjum pandulu | nutupi nawa songa | katêrima ki wasi panêdhanipun | têlênge gambira laya | lir pendah kinocak-kacik ||
14. gonjing ing Jronggringsêlaka | ing Pêparewêrna malah kumitir | êndhut sinêmèni murub | kawah Căndragumuka | malah umob gumaludhuk gumêludhuk | gègère ing Suralaya | akèh juwata panastis ||
15. kocapa Rêsi Nêrada | apan kagèt linggih anganam hirik | gupuh anulya lumayu | ing pada kang winênang | mêngko-mêngko aja gita anak putu | Rêsi Nêrada abungah | konthole kèdêk pribadi ||
16. wringsilan runtuh kasingsal | sêprandene mêksih ana kang kari | Rêsi Nêrada wus rawuh | ing pada kang winênang | angandika Bêthara Pramèsthiguru | kakang Nêrada mudhuna | maring ing Aldaka Wilis ||
17. Si Wasi Curiganata | yogyaningsun kang tapa Ngarga Wilis | kadehane padha tatu | mulane amêmujya | tingalana kakang Nêrada dèn gupuh | konên anyabêt waloya | poma lawan kayu urip ||
18. tumurun Rêsi Nêrada | nuli prapta wau ing Arga Wilis | ki wasi kapanggih minggu | mujar Sang Yang Nêrada | hèh ki putu timbalane adhi Guru | sakèhe kadeyanira | kêbyokên ing kayu urip ||
19. pêsthi waras kang kabranan | Yyang Nêrada nulya dêdêl pratiwi | ki wasi gupuh tumurun | sangking sanggar langgatan | pêpêthetan kayu urip kang dinaut | sakèhe [sa...]
--- 219 ---
[...kèhe] para kadeyan | sêdaya dipun kêbyoki ||
20. lir pendah wong anyumpêna | tatu mulya kadi ing wingi uni | sami anungkêmi suku | para putra ing Jênggala |[102] apan nangis sadaya sami umatur | kang Wasi Curiganata | pangeran sadulur mami ||
21. Wasi Curiga anyêntak | kamêngkara dadi putra nêrpati | sapa rane sadulurmu | kang mèmpêr kaya ingwang | para putra Jênggala sarêng umatur | awasta Radèn Prabăngsa | pangeran ing Wanagiri ||
22. Wasi Curiga anyêntak | nora idhêp ingsun Ki Wanagiri | nora tau nora wêruh | kang aran Ki Prabăngsa | nora wêruh pan nora duwe kêkaruh | apan aku wong alasan | cilik mula tur wêwasi ||
23. kadangira Ki Prabăngsa | paranipun dhingin maring ing ngêndi | Ki Panji Sutra umatur | ingutus dhatêng rama | angulari ing radèn putra karuwun | radèn putra èstu ilang | Radèn Prabăngsa tan prapti ||
24. matur Ki Sutradiwăngga | pan sampeyan kados sadulur mami | pan wontên têngêranipun | apa têngêranira | inggih agêng talinganipun karuwun | Ki Wasi Curiga nyêntak | mênênga aja bêribin ||
25. aku dudu kadangira | iya mamar sira ingsun arani | ujare petangan ingsun | radèn putra Jênggala | mati kèrêm bajang sawane nèng laut | sadulurmu Ki Prasănta | dèn sarap kêluyu putih ||
26. lara ragane jêng kakang | anèng laut iwak padha mangani | lah iku petangan ingsun | bodhokakên wong tapa | para putra sadaya nangis gumuruh | asambat ing radèn putra | sambat Radèn Wanagiri ||
27. nêngêna Wasi Curiga | kawarnaa Sang Prabu Singasari | ingkang adhayohan mungsuh | arsa amangun yuda | nêgarane mung kari saubing payung | atêpis wiring sadaya | wong cilik akèh kang balik ||
28. kang abêdhah Singasêkar | ratu sêti abala putra sami | akathah putraning ratu | datan kêna winilang | sakêlangkung sêktinira sang aprabu | nêgarane tanpa sangkan | kang bêdhah ing Singasari ||
29. jajahane Singasêkar | sumawana ing desa têpis tiring[103] | sadaya wus sami nungkul | mring raja tanpa sangkan | tan karuwan nêgaranira sang prabu | angancik ing padêdesan | asêkti datanpa tandhing ||
30. wêtawise kang gêgaman | pan salêksa wau yèn winitawis | nora kirang malah punjul | ratu abala putra | putranira akèh kang dadi tumênggung | akathah kang dadi dêmang | miwah kang dadi ngabèi ||
31. mapan tan ana wong liyan | para putra dadi punggawa mantri | putra sami bagus-bagus | kadi sêkar sataman | apan sami taruna putraning ratu | kêrantên awrat sinăngga | abala putra nêrpati ||
32. sang prabu ing Singasêkar | siniwaka dene punggawa mantri | nênggih kang munggèng ing ngayun | Patih Jayakacêrmba | lawan putra Radèn Arya Banyaksantun | lawan Tumênggung Pugalan |
--- 220 ---
Angabèi Ăndhamoi ||
33. sakèhe wong Singasêkar | wus sumaos wahanane ngajurit | miwah gajahe sang prabu | wus rinênggèng busana | jawi kitha baris sampun angêndhanu | alon dènira ngandika | sang prabu ing Singasari ||
34. hèh kakang Jayakacêrmba | kaya paran wêrtane ing Kêdhiri | apa yudane wus campuh | lawan wong tanah sabrang | Ki Apatih Jayakacêrmba umatur | bêdhah nêgari Mêmênang | raka panduka kalindhih ||
35. yèn mangke raka panduka | inggih ngungsi dhatêng ing Ardi Wilis | prabu ing Ngurawan rawuh | abantoni ing Daha | campuh aprang lan wong sabrang ing Jongbiru | wong Ngurawan kathah pêjah | raka panduka kalindhih ||
36. sri bopati ing Ngurawan | sampun nunggil wontên ing Ardi Wilis | wingi wontên warti rawuh | para putra Jênggala | ambantoni raka dika ing sang prabu | kalintang ramening yuda | pukulun ujaring warti ||
37. putra panduka Jênggala | pan kalindhih akathah ingkang kanin | ingkang dèn ungsi sang prabu | Wasi Curiganata | mung punika kang kuwasa atêtulung | punika ingkang dikjaya | kalah wong Nungsyatêmbini ||
38. pukulun amung punika | gèn kawula animbalakên warti | lintang manahe gêgêtun | Sang Prabu Singasêkar | wite ingsun kakang arsa atêtulung | marang nêgara Mêmênang | lagi pakewuh pribadi ||
39. sumăngsa ingsun tilara | dipun broki nêgara Singasari | marang mungsuh ingkang rawuh | nêrpati tanpa sangkan | lagi eca [e...]
[Ilustrasi]
--- 221 ---
[...ca] timbal wêtcana sang prabu | Ki Dêmang Upacarana | prapta sarwi nandhang kanin ||
40. amiyak mantri kang seba | sampun prapta ngarsane sri bopati | matur sarwi awotsantun | pukulun nuhun duka | mêngsah rawuh pêngawat kiwa tinêmpuh | wadya panduka kasoran | kathah prajurit kang mati ||
41. sri bopati angandika | ingsun dhewe arsa miyosi jurit | lah saosna gajah ingsun | liman wus munggèng ngarsa | sri bopati awahana gajah sampun | sumahap tandange bala | têngara tinitir-titir ||
42. wus mêdal jawine kitha | lampahira Sang Prabu Singasari | kang wadyakusya anggêrgut | tan lali sikêpira | bêdhil rangap kantar parise lan ganjur | acarub ingkang gêgaman | tatane rusak kariyin ||
43. arame campuhing yuda | suraking wong awor syaraning bêdhil | arame amuk-ingamuk | tanbuh mungsuh lan rowang | padha sayah agênti iwud-ingiwut[104] | sangking ramene kang yuda | agênti ukih-ingukih ||
44. surake wadya lir gêrah | bêdhil muni lir ngrubuhna wukir |[105] pêtêng kadya têngah dalu | dene kukus sundawa | mimis tiba yèn tinon pan kadi jawuh | sangking ramene kang yuda | kang ajrih mundur tan pamit ||
50. Durma
1. pan kotbuta tandange wong Singasêkar | sumahab padha wani | kadi prit anêpba | tangkêpe anèng rana | sira Radèn Banyaksari | anêrêg bala | lir saradula wani ||
2. datan gingsir wadya ing Tawanggantungan [Tawang...]
[Ilustrasi]
--- 222 ---
[...gantungan] | apanggah padha wani | caruke kang yuda | lir ombaking samodra | anêmpuh ing parang curi | padha prawira | amuk wong Singasari ||
3. pyuking watang caruk lawan endhe rêmak | kadi robing jêladri | sambate wong kabranan |[106] apan kadi ampuhan | ana sambat anak rabi | kadi galuga | samburate kang gêtih ||
4. watang putung kang sami prawirèng yuda | ana agênti kêris | kêlapa pinêcah | wong kacundhuk ing braja | kang têguh wulêt gumilir | anantang lawan | amuk padha wong bêcik ||
5. ting sulayah pêpati tanpa wilangan | watang rêmpu nèng siti | awor lan kumbala | anglir êmbêl katingalan |[107] kajêmbêkan dene gêtih | kèhe wong pêjah | wangke sungsun atindhih ||
6. kapêlayu wadya ing Tawanggantungan | rêmpu kathah kang mati | asor yudanira | kalindhih anèng rana | kang gêsang padha lumaris | kang ajrih pêjah | padha malik kulambi ||
7. kang sawênèh lumayu atilar watang | olih batur pribadi | ana ingkang mapan | kasêrêg dene mêngsah | sigra mangsah derah pati | akêkuwêlan | sampyuh sarêng ngêmasi ||
8. bubar larut bala ing Tawanggantungan | datan kêna apulih | kari para putra | maksih gêgêr kiwala | sakèhe wong Singasari | padha asurak | sarwi ambendrong bêdhil ||
9. langkung wingit bala ing Tawanggantungan | tan ana wêruh ing gusti |[108] apan sri nalendra | tansah anèng jêmpana | bala tan ana udani | mung para putra | ingkang angudanèni ||
10. alon matur sakathahe para putra | ya ta umatur aris | dhuh ibu nalendra | kawula tur uninga | bala sampeyan kalindhih | yudane kalah | dhatêng wong Singasari ||
11. angandika sang prabu jrone jêmpana | hèh putraningsun sami | padha umaguta | lawan sakadangira | sun têdha bêthara luwih | anging dèn yitna | sakadangira sami ||
12. aja sira amatèni para putra | iku ingsun larangi | cêkêlên kiwala | upama nora kêna | dimone mêlayu wêdi | wong Singasêkar | krandhahira pribadi ||
13. sumawana putra Kêdhiri Ngurawan | iku ingong larangi | kêkasihe dewa | aja kongsi palastra | pan dudu prajurit luwih | matèni jalma | payo mangsaha kaki ||
14. sarêng mangsah putra ing Tawanggantungan | sami nitih turanggi | sumahap nèng rana | tan ajrih ing sênjata | kadi saradula wani | wong Singasêkar | panggah tan ana gingsir ||
15. campuhing prang tanbuh mungsuh lawan rowang | gênti ukih-ingukih | angangsah-ingangsah | ana bêdhag-binêdhag | ingkang wani amrih pinrih | kang tiwas pêjah | kang bangkit antuk kodhil ||
16. pan akathah putra ing Tawanggantungan | padha sura ing jurit | kadya prit anêba | campuhe anèng rana | wong Singasari kalindhih | tatane bubrah | akèh longe kang mati ||
17. wong lumangu[109] datan kêna ingadhangan | sangking sangête wêdi | atilar gêlanggang | padha amutung watang | ana kang malik kulambi | pating sulayah | tunggul rubuh kèh kari ||
18. kapêlayu Ki Patih Jayakacêrmba | tiba sangking turanggi | Radèn Banyakwulan | apan [apa...]
--- 223 ---
[...n] sampun lumajar | pêlayune tawan tangis | atilar bala | manahe datan pulih ||
19. sri bopati giris katunjang ing bala | angajokakên èsthi | angikal sêrampang | arsa amangun yuda | kyana patih anungkêmi | matur karuna | pukulun patik aji ||
20. yêkti nistha yèn panduka seda ngrana | dawêk lèngsèr dewaji | angucali daya | gusti kirang punapa | Sri Bopati Singasari | tilar gêlanggang | angundurakên èsthi ||
21. tilar kitha sang prabu ing Singasêkar | sagunge pramèswari | sadaya binêta | sampun atilar pura | sang nata ngungsi wanadri | apan samêkta | sabalane angiring ||
22. tugang[110] gunung bêdhahe ing Singasêkar | gègèr wong Singasari | padha tilar wisma | angungsi anèng arga | sawênèh akontang-kanting | pisah lan kadang | anangis urut margi ||
23. kang sawênèh apisah lan kakungira | lapag gugup angili | anake akathah | arepot anèng marga | anake padha bondhèti | tiba katunjang | samarga murang-muring ||
24. kang sawênèh anangis ilang putunya | kakèkne dèn gitiki | êndi putunira | disenggot golèkana | baya rika mau lali | duk jaman kina | kudu pêputu baring ||
25. mau mila ingsun kon gendhong ing rika | mêngko kari ing ngêndi | upama ilanga | eman gawe manira | kakèkane asru angling | ngrumati bocah | sok lamun mêksih urip ||
26. kang sawênèh ana wong anom angucap | kaki buyutmu êndi | mau sangking wisma | tumèmpèl gigirira [gigir...]
[Ilustrasi]
--- 224 ---
[...ira] | kangki[111] tuwa anauri | pantêse ilang | sun wadhahi pêpithi ||
27. asangsrangan wong kaburu dene mêngsah | padha aniba tangi | lali maring sanak | apisah lawan kadang | rajabrana tan katolih | mung anakira | dipun gendhong dèn indhit ||
28. kawarnaa Nêrpati Tawanggantungan | wus ngancik Singasari | lawan para putra | siniwakèng ing bala | sang prabu nora kaèksi | munggèng jêmpana | sri bopati awingit ||
29. ênêngêna kang anèng ing Singasêkar | gêntia kang winarni | prajurit Ngurawan | Klana Jayakusuma | kang anèng Banonbang nênggih | tuhu prawira | anom tur sugih rabi ||
51. Pupuh Sinom ingkang gumanti têmbang
1. apan sampun pitung dina | bubare sang adipati | sangking ing Sapigumarang | ing Banonbang dèn pondhoki | mila sang adipati | lampahira tansah kantu | milane wirandhungan | anuwuki pulang rêsmi | sugih bala anggung apulang asmara ||
2. alami anèng Banonbang | lampahe Sang Adipati | Kêlana Jayakusuma | mila tan budhal tumuli | wontên kang dèn antosi | ing sira radèn tumênggung | apan Menak Prasănta | lagi anandhang kêkêling | sakit mêjên larane Menak Prasănta ||
3. kaya tan mupu agêsang | rahina wêngi tan eling | tan kolu dhahar lan toya | lumintu kang jêjampi |[112] tan ana kang nêdhasi | saya matêk sakitipun | Ki Răngga Jayasantika |[113] Jalêksana Yudapati | lir wanodya Ki Răngga tansah karuna ||
[Ilustrasi]
--- 225 ---
4. margane kala kêlaran | kala budhale kariyin | sangking Sapi ing Gumarang | marmane nandhang kêkêling | milanipun alami | nèng Banonbang ki tumênggung | angantosi warasira |[114] Ki Prasănta ingkang agring | saya nglayung malah tan kêna ngartika ||
5. Kêlana Jayakusuma | undhanging para dipati | sapa kang nora kêmita | utawa nora atilik | marang kang nandhang agring | sirna kabopatènipun | miwah wong têtêlukan | jinarah dipun patèni | langkung maras Kêlana Jayakusuma ||
6. ingkang kinèn baurêksa | bêborèh lawan jêjampi | tan liyan Wukirkusuma | sarimbit lawan kang rayi | lan pawongan sabiting | kang rumêksa lamun dalu | maring Menak Prasănta | mujar Dèwi Ragil Kuning | lah emuta kang lurah Menak Prasănta ||
7. kakang dhahara wowehan[115] | nêcêpa toya jêjampi | kakang adhahara gantya | malar sudaa kang sakit | Ki Prasănta tan eling | mujar Radèn Wukirsantun | kakang lurah wungua | dèn eling margane sakit | sêsambata enak sun ngambil usada ||
8. sakite Menak Prasănta | awiyos kangên kang rayi | kang rayi anèng Jênggala | Dèwi Kanastrèn kang nami | kawurcita ing ati | milane saya anglayung | ya ta Menak Prasănta | asangêt wau tan eling | saya maras manahe para kadeyan ||
9. gupuh lèngsèr Ni Onêngan | umatur Sang Adipati | Kêlana Jayakusuma | siniwakèng para rabi | sagunge para manis | pêpêk upacaranipun | kadi sêkar sataman | citrane kang para putri | akalihan lawan kusuma ing Daha ||
10. sira Dèwi Surèngrana | pan tuhu marêk ing laki | solahira kumawula [kumawu...]
[Ilustrasi]
--- 226 ---
[...la] | mring sang kadi Dèwi Ratih | lintang dènira asih | marang sang sêsangkaning rum | kadi tunggal sudarma | lan putri Cêmara adi | lintang mukti Kêlana Jayakusuma ||
11. apan sami akasukan | putri kang rada kêkasih | anging kusuma Cêmara | yèn acuki pilih tandhing | sakèhe para putri | tan ana wani amungsuh | anging kusuma Daha | yèn acuki pilih tandhing | pan kasoran kusuma di ing Cêmara ||
12. Kêlana Jayakusuma | wuwuse arum amanis | Sandulumur tinakonan | kayapa sakitingrèki[116] | kakang Prasănta singgih | apa wontên sênggangipun | Sandulumur tur sêmbah | pun Dhoyok arsa ngêmasi | wêtawise kantun amêndhêm kiwala ||
13. kasaru Dèwi Onêngan | prapta ngaturi upêksi | gupuh anulya sinapa | ing sira sang adipati | baya waloya yayi | kakang Prasănta kang angluh | matur Dèwi Onêngan | saya sangêt ingkang agring | yèn sisipa sadintên mangke palastra ||
14. lir sinêndhal ingkang manah | Kêlana Jayadiluwih | agupuh nulya lumampah | ingiring kang para rabi | tan kawarna wus prapti | ing pêrnahe ingkang angluh | sira Menak Prasănta | kadi dêlancang winanting | èsmu tangis kang para putra sadaya ||
15. Kêlana Jayakusuma | angêrs manahe ningali | maring Ki Menak Prasănta | pinêngkul dipun sungkêmi | wuwuse arum amanis |[117] adhuh kakang sadulurku | pêkênira warasa | sampun anandhang kêkêling | dadi apa rabine anèng nêgara ||
16. nadyan dhatênga pralaya | yèn sira sampun apanggih | lawan anak rabinira | kang kari anèng nêgari | kusuma di Kêdhiri |
[Ilustrasi]
--- 227 ---
putêk manahe andulu | karane duk ing kuna | duk angadêg rajèng Bali | Ki Prasănta nguyuni wong sanêgara ||
17. akèh bêcike ing kuna | maring sagung para manis | sakathahe para garwa | sadaya dèn têtakoni | ya ta kang para putri | sadaya padha sêsugun | padha asung usada | sawênèh asung jêjampi | kang sawênèh apunagi waloyaa ||
18. sakathahe para garwa | sadaya dèn têtakoni | mring Klana Jayakusuma | wuwuse arum amanis | apa karya jêjampi | wong amêjên luwangipun | matur putri Lumajang | uyah arêng lawan kunci | sapunika luwange kang kêlampahan ||
19. matur putri Băndayuda | pangeran ing atur mami | mênggah sarira kawula | ingkang kinarya jêjampi | katumbar kalih mungsi | gêdhang kaluthuk rumucuh | uyah arêng punika | kawruh kula kang jêjampi | dèn mamaha pêsthi wong mêjên waloya ||
20. pan sami matur sadaya | sakathahe para putri | sapêmanggihe ing kina | wus katur sang adipati | kusuma di Kêdhiri | kadi kêrubuhan gunung | datan kêna ngartika | langkung wêlase kang galih | Ki Prasănta rewange guna satapa[118] ||
21. kusuma yu ing Cêmara | ature arum amanis | pangeran atur kawula | yèn mênggah wong nandhang agring | sakalire jêjampi | lamun dèrèng mangsanipun | măngsa maloyakêna | sakecane ingkang agring | nora pilih usada kang dadi marga ||
22. Ki Sandulumur angucap | dhuh pangeran atur mami | jêram pêcêl lan warangan | têtambane mêjên gusti | jêram sêlawe gusti | dipun êpuh toyanipun | cinarup lan warangan | punika tămba pêrmati | uyupêna pun Dhoyok kadi wikana ||
23. sadaya runtik miyarsa | sakathahe para manis | sami amicarèng nala | lah iku wong edan baring | nadyan kang nora sakit | anguyup warangan jêruk | pêsthi măngsa gêsanga | nadyan kang asung jêjampi | pêsthi modar nguyupa jêruk warangan ||
24. Kêlana Jayakusuma | tansah atunggu kang agring | lawan sagung para garwa | kasaru opyake jawi | gita punggawa mantri | Radèn Sinjanglaga rawuh | sapraptane ngajêngan | Radèn Pênyangkringan nangis | anungkêmi ing Klana Jayakusuma ||
25. matur Radèn Sinjanglaga | ature sarwi anangis | kawula kinarya duta | dhatêng rama andika kalih |[119] wa prabu ing Kêdhiri | dawêg kadhayohan mungsuh | kang bêdhah ing Mêmênang | Nêrpati Nungsyatêmbini | ratu sêkti aprawira măndraguna ||
26. bisikane sri nalendra | aran Raja Romarêsi | putranipun tiga wêlas | tur padha putri prajurit | sikêpe yèn ajurit | dede waos dede dhuwung | gănda kalawan wida | sawarnane kang wêwangi | pan punika gêgamane yèn ayuda ||
27. jêng uwa aji ing Daha | angungsi ing Ukir Wilis | nêgari Daha pun bêdhah | wadya Kêdhiri kèh mati | rama tuwan dewaji | ing Ngurawan sampun bantu | aprang kalih wong sabrang | sang nata mêksa kalindhih | mantri rêmpu wadya alit kathah [ka...]
--- 228 ---
[...thah] kang pêjah |[120]|
28. rama andika ing Ngurawan |[121] tumut ngungsi Ngarga Wilis | dhèrèk dhatêng kangjêng uwa | wontên ing Aldaka Wilis | nênggih ingkang dèn ungsi | Wasi Curiga ranipun | mila wong tanah sabrang | pangusêde[122] sami bali | èsmu ajrih ing Wasi Curiganata ||
29. Ki Wasi Curiganata | matur dhatêng rama aji | jangkane Wasi Curiga | kang katur dhatêng dewaji | Ratu Nungsyatêmbini | lintang sêkti yudanipun | mung andika pangeran | kang jinăngka ing ki wasi | kêlar magut yudane nalendra sabrang ||
30. milane sarira kula | kinarya duta dewaji | amondhongi karsa dika | lajua dhatêng Kêdhiri | karsane rama aji | anuntên andika rêbut | nêgara ing Mêmênang | Kêlana Jayadiluwih | angandika inggih yayi pirabara ||
31. Kêlana Jayakusuma | wuwuse arum amanis | kang aran Wasi Curiga | ingkang tapa Ngardi Wilis | sêpuh êndi lan mami | kapriye pamulunipun | matur Ki Sinjanglaga | miwiti malah mêkasi | sapolahe wus katur ki adipatya ||
32. Kêlana Jayakusuma | mèsêm amicarèng ati | kakang mas Nila Prabăngsa | pangeran ing Judhipati | Wong Agung Wonagiri | dadi jêjanggan nèng gunung | anging têka kuciwa | wong gêrêng dadi wêwasi | sokur sèwu si kakang amati raga ||
33. Undhakan Astramiruda | gumuyu amuwus aris | yayi êmas abagea | kawula atakèn warti | punapa batên sakit | raka dika radèn ayu | kusuma ing Ngurawan [Ngura...]
[Ilustrasi]
--- 229 ---
[...wan] | punapa batên kêkirim | mring abdine matur Radèn Sinjanglaga ||
34. kakang êmbok kalujêngan | nanging botên akêkirim | Undhakan Astramiruda | amicarèng jroning ati | kaningaya kêpati | kang linakon karyanipun | si bungkêr wong Ngurawan | bok iyaa ya kêkirim | sok bêtaha sun têmu kuwalik ing benjang |[123]|
35. Rahadèn Astrawijaya | pan sampun prapta sarimbit | ing ngarsane ingkang raka | Ki Sinjanglaga ningali | ya ta puwara tangis | kang raka rinangkul gapyuk | kangmas Astrawijaya | sokur kapanggih ing ngriki | angawula Pangeran Jayakusuma ||
36. lagi arsa atêtanya | Kêlana Jayadiluwih | pan kasaru praptanira | sira Radèn Banyaksasi | ingutus mring rama ji | anggawa wong kawan atus | lampahe gêgancangan | prapta ngarsane dipati | ya ta gupuh wau anungkêmi pada ||
37. matur sarwi awot sêmbah | sira Radèn Banyaksasi | kawula kinarya duta | ing rama Ji Singasari | wiyosipun rama ji | mundhut sênjata pitulung | ing Singasari bêdhah | pun rama atilar puri | kang ambêdhah Nêrpati Tawanggantungan ||
38. ing mangke rama nalendra | ngungsi Wukir Darawati | Nêrpati Tawanggantungan | wus manjing ing Singasari | kalintang dene sêkti | abala putra sang prabu | anging sang analendra | kalintang dene awingit | tan katingal tansah wontên ing jêmpana ||
39. dene kathahe kang mêngsah | salêksa yèn winitawis | yèn langkunga [lang...]
[Ilustrasi]
--- 230 ---
[...kunga] datan kathah | pitungkase rama aji | tan lyan sang adipati | kang angêrbut Singasantun | Klana Jayakusuma | mèsêm awêcana aris | nora kaya baya karsane juwata ||
40. arsa sun rêbut ing Daha | sêlak kasèp Singasari | ingsun rêbut Singasêkar | saya rusak ing Kêdhiri | ewuh rasane ngati | tanbuh kang ingsun pêlaur | kusuma di Cêmara | Dèwi Surèngrana angling | yèn sêmbada pangeran atur kawula ||
41. anging ta măngsa kanggea | ature pawongan cèthi | garêbyuh kabotan sinjang | măngsa baronga[124] prajurit | yèn kangge atur mami | ing Singasari sun rêbut | malar dadya băndha |[125] yèn karêbut Singasari | malah mandar girisa mungsuh ing Daha ||
42. hèh Biyang Inya Supadma | sira mêtua dèn aglis | Si Ariya Wijatmaka | sira timbalana aglis | konên caos ing jurit | ingsun asaos pakewuh | angiringa pangeran | angêrbut ing Singasari | wong Cêmara limang atus dèn gabaha ||
43. tumbakku biring lanangan | kang alawung nagasari | padha sira lênganana | sakèhe pêrabot mami | bakal sun gawa mati | padha caosna ing besuk | lawan jêmparing ingwang | bêdhil agêm aja kari | poma biyang saosa rahadèn enjang ||
44. ewuh iya[126] wong ngawula | rèh ingsun mawongan nyèthi | angur karia amangan | sukan kari ing ajurit | mèsêm sang adipati | anulya rinangkul gapyuh | kinusya
[Ilustrasi]
--- 231 ---
maring priya | dhuh dewa sang ruming sari | mung kêrase pantês kinanthi ngayuda ||
1 | kêtara. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: sêrnggara pait kilang. (kembali) |
3 | walèh. (kembali) |
4 | andugi. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: mujar putri ing Cangcangan. (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata: Klana Jayakusuma. (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata: dene ta amêmacaa. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: pinilih kang udani. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: gih mêkatên anggènipun angandika. (kembali) |
10 | intên (dan di tempat lain). (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata: kakang mbok dèrèng prapti. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: wong ayu amênis-mênis. (kembali) |
13 | lênglêng. (kembali) |
14 | kadi. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: Agung sira rêbuta. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: manira amit ngêmasi. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata: Kuntul Wilantênan. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: luhe duleweran. (kembali) |
19 | Lebih satu suku kata: Kuntul Wilantênan. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: pan kalindhih yudane wong ing Ngurawan. (kembali) |
21 | botohi. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: Dêmang Jalêksana. (kembali) |
23 | Kurang satu suku kata: umunggèng ngarsa. (kembali) |
24 | Lebih satu suku kata: pangamuke ngajrihi. (kembali) |
25 | Kurang satu suku kata: têlasêna ing jagat sapramuditya. (kembali) |
26 | prayoga. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: kêjabane Kêlana Jayakusuma. (kembali) |
28 | Kurang satu gatra: ke-3 (6a). (kembali) |
29 | bêdhama. (kembali) |
30 | Lebih satu suku kata: kaya gêlap yèn angrik. (kembali) |
31 | Kurang satu suku kata: awasêna cirine mongmonganira. (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata: ingsun putra Jênggala. (kembali) |
33 | kasaban. (kembali) |
34 | Lebih satu suku kata: Ki Prasănta alon ngucap. (kembali) |
35 | Dhoyok (dan di tempat lain). (kembali) |
36 | Kurang satu suku kata: apan putrane nêrpati. (kembali) |
37 | Obong (dan di tempat lain). (kembali) |
38 | dumdumane (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata: ingkang mancèni maringwang. (kembali) |
40 | Jayasantika. (kembali) |
41 | awêtara. (kembali) |
42 | rajèng. (kembali) |
43 | pinaringan. (kembali) |
44 | sasampunira. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: ujar wong loro wak ingsun. (kembali) |
46 | Lebih satu suku kata: dèn paringna kêkasihe. (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata: anging dèn wèhana wêruh. (kembali) |
48 | pagene. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: nadyan atandhinga sugih. (kembali) |
50 | amêthinthing. (kembali) |
51 | gandhês. (kembali) |
52 | lêga. (kembali) |
53 | Kurang satu suku kata: nêhêng brăngta astane asêrikutan. (kembali) |
54 | pujya. (kembali) |
55 | Lebih satu suku kata: yèn batên sagah sampeyan. (kembali) |
56 | Lebih satu suku kata: sampun prapta ngarsane Putri Cêmara. (kembali) |
57 | bale. (kembali) |
58 | angoyog. (kembali) |
59 | Kurang satu suku kata: datan purun amadati. (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata: dipun gêdhonga wak mami. (kembali) |
61 | lebih satu suku kata: pan sampun sinung jro kalbu. (kembali) |
62 | Kurang satu suku kata: apan sampun dèn paèsi. (kembali) |
63 | lebih satu suku kata: ing ngarsane sang dipati. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: gamêlan munya ngrangin. (kembali) |
65 | Lebih satu suku kata: tansah siniwakèng lulut. (kembali) |
66 | Lebih satu suku kata: padha putra wanodya. (kembali) |
67 | Lebih dua suku kata: dudu titak lawan glanggang. (kembali) |
68 | Lebih satu suku kata: dudu pasêr lan panah. (kembali) |
69 | puspanjara. (kembali) |
70 | puspanjara (dan di tempat lain). (kembali) |
71 | bolong. (kembali) |
72 | gosong. (kembali) |
73 | brana (dan di tempat lain). (kembali) |
74 | kêtaton. (kembali) |
75 | Lebih satu suku kata: dene wadya Bauwarna. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: sadaya apan waloya. (kembali) |
77 | sanggup. (kembali) |
78 | mangkono. (kembali) |
79 | Lebih satu suku kata: miwah lamun mênanga. (kembali) |
80 | sangking. (kembali) |
81 | Kurang satu suku kata: hèh arya sira tandhua. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: sang aprabu ing Mêmênang. (kembali) |
83 | Lebih satu suku kata: sami minggah aldaka. (kembali) |
84 | Pambêrêg. (kembali) |
85 | Jayèngantaka. (kembali) |
86 | Lebih satu suku kata: putra sampeyan Jênggala. (kembali) |
87 | ingsun. (kembali) |
88 | Lebih satu suku kata: kaya kakang pangeran. (kembali) |
89 | anggunggung. (kembali) |
90 | ra-ara. (kembali) |
91 | imbal. (kembali) |
92 | Lebih satu suku kata: bêdhil mriyêm kalataka lan sunapan. (kembali) |
93 | tan. (kembali) |
94 | Lebih satu suku kata: pindho Dèwi Sudargi. (kembali) |
95 | Kurang satu suku kata: ajalu kalawan èstri. (kembali) |
96 | Lebih satu suku kata: miwah gajah anguling. (kembali) |
97 | wanodya. (kembali) |
98 | radyan. (kembali) |
99 | agupak. (kembali) |
100 | burat. (kembali) |
101 | pada. (kembali) |
102 | Lebih satu suku kata: para putra Jênggala. (kembali) |
103 | wiring. (kembali) |
104 | iwut-ingiwut. (kembali) |
105 | Kurang satu suku kata: bêdhil muni lir angrubuhna wukir. (kembali) |
106 | Lebih satu suku kata: sambat wong kabranan. (kembali) |
107 | Lebih satu suku kata: lir êmbêl katingalan. (kembali) |
108 | Lebih satu suku kata: tan ana wruh ing gusti. (kembali) |
109 | lumayu. (kembali) |
110 | tunggang. (kembali) |
111 | kaki. (kembali) |
112 | Kurang satu suku kata: lumintu ingkang jêjampi. (kembali) |
113 | Lebih satu suku kata: Ki Răngga Jasantika. (kembali) |
114 | Lebih satu suku kata: ngantosi warasira. (kembali) |
115 | wowohan. (kembali) |
116 | sakitirèki. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: wuwuse arum manis. (kembali) |
118 | nastapa. (kembali) |
119 | Lebih satu suku kata: dhatêng rama dika kalih. (kembali) |
120 | Lebih satu suku kata: mantri rêmpu wadya lit kathah kang pêjah. (kembali) |
121 | Lebih satu suku kata: rama dika ing Ngurawan. (kembali) |
122 | pangungsêde. (kembali) |
123 | Lebih satu suku kata: sok bêtaha sun têmu kuwalik benjang. (kembali) |
124 | boronga. (kembali) |
125 | Kurang satu suku kata: malar dadiya băndha. (kembali) |
126 | aya. (kembali) |