Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 52–67)
1. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 16–27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 28–40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
4. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 41–51). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
5. | Panji Jayakusuma, Staatsbibliothek zu Berlin (Ms. or. quart. 2112), abad ke-19, #912 (Pupuh 52–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- 231 [lanjutan] ---
52. Pupuh Kinanthi ingkang gumanti
1. putri Lumajang tumungkul | merang manahe ya isin | kusuma ing Băndayuda | mengo ngiwakakên angling | nênggih putri ing Cangcangan | mungkur nyandhak jambe wangi ||
2. putri Sidapêksa ayu | Pranggunan Sandiwaringin | padha mungkur èsmu merang | wajane dipun kurahi | sang putri ing Sandipura | amicarèng jroning ati ||
3. wong iku rupane ayu | cacade wani ing laki | têka nora idhêp wirang | dèn rungrum akèh ningali | mujar putri ing Lumajang | iku kêkênyar kêkasih ||
4. sugih guna pantêsipun | karane dêrman alaki | bok iku nora piraa | ayune akèh madhani | prandene dêrman akrama | ingugung kapati-pati ||
5. putri ing Jêpana muwus | putri ing Cêmara adi | sêdhêng tiniru wong krama | gumêndhèng yèn kala angling | mujar putri Pasuruan | pan ingsun rasa ing ati ||
6. Dèwi Surèngrana ayu | dalane kasora laki | apan sêtyane saloka | tigang prakara kapanggih | kapisan sêtya ing priya | tur milu kawêlasasih ||
7. kaping tigane sang ayu | ing pagunan amupugi | mujar putri Pêjarakan | puniku bênêr sadhidhik | ingsun arsa nimbangana | maring kusumaning adi ||
8. ingong rasa awak ingsun | putri ing Cêmara luwih | wong ayu tur wicêksana | lan malih putri prajurit | èsmu kêras yèn ngandika | wididya[1] sêmune laki ||
9. amung sirake[2] wong iku | wancine wani ing laki | wanine among sasmita | sêdhêng tiniru wong laki | sawênèh ana pawongan | sêsinome dèn waoni ||
53. Sinom
1. Kêlana Jayakusuma | ya ta angandika aris | hèh Răngga Jayasantika | ingsun arsa budhal benjing | angêrbut Singasari | pêpêkên wahananingsun | kakang Menak Prasănta | dimone kari ing wuri | Adipati Kartasana angiringna ||
2. Ki Răngga Jayasantika | sampun lèngsèr awotsari | pan sampun anata bala | ing ngarsa lawan ing wuri | sagunge para mantri | tan kaliru pêrnahipun | miwah Menak Prasănta | kang mêksih anandhang agring | wus pinatah lampahe munggèng ing wuntat ||
3. wus sumurup sang yang arka | ya ta kawarnaa enjing | para putri paès samya | parêkan asaos sami | titihan para putri | sami binusanan sampun | miwah para satriya | pan sampun panci-pinanci | ngarsa wingking pan sampun sami tinata ||
4. wus miyos sang adipatya | ingiring kang para putri | sampun minggah ing wahana | sarta busanane asri | adandan sami lumaris |[3] lampahe tata andulur | kang munggèng ngarsa pisan | putri Sidapêksa ngirit | awahana gêgilingan apayung seta |[4]|
--- 232 ---
5. ingkang munggèng wingkingira | putri Lobawang mantêsi | awahana joli endah | arja payung kartas kuning | upacaranya asri | putri Pranggunan nèng pungkur | payung sutra rinêngga | anitih joli mantêsi | Pajarakan putrine nitih gilingan ||
6. awahana joli pelak | apayung mêndhalagiri | putri ing Sandikoripan | anitih jêmpana adi | payung ijo mantêsi | putri Jêpana nèng pungkur | sarwi nitih gilingan | arja payung sutra wilis | wau putri Wirasaba nitih jolang ||
7. arja kampuh katuridan | asumping wraksa kinawi | arja sêngkang natabrăngta | agêgănda marbut[5] minging | apayung kartas kuning | lêlancang bakor nèng ngayun | putri ing Băndayuda | anitih jêmpana adi | dèn pêpajang ing sutra sarta kulemak ||
8. asinjang cindhe jêlamprang | akampuh jingga rinukmi | asêkar mas gêgubahan | asêngkang bapang mantêsi | panunggul intên adi | akalpika intên mancur | tuhu ayu sêmbada | gêsênge lathi amanis | arja payung biru asèrèt prada |[6]|
9. lêlancang bakor kêncana | sinamiran sutra kuning | kidang mas ardawalika | ajajar lan sawunggaling | kêndhi cêcêp mas adi | katrangan raditya murup | sira Dèwi Onêngan | anitih jolang mantêsi | pinapanjang wahanane abra muncar ||
10. arja sinjang cindhe kêmbang | kakêmbên cawêni kuning | arja sumping gêgubahan | asêngkang maniking warih | binapang mas angrawit | apantês sampur pêpêlung | rinenda têpènira | ayune tan ana nandhing | ambêranyak tur sêdhênge pêpasihan ||
11. kang waja [wa...]
[Ilustrasi]
--- 233 ---
[...ja] anglaring kombang | ulate mandam kasilir | udhête sutra diwăngga | apayung mêndhalagiri | upacarane asri | lêlancang bakor nèng ngayun | kidang ardawalika | tadhahan lan sawunggaling | sinamiran sutra kuning pinêrada ||
12. Rahadèn Wukirkusuma | anitih turăngga kuning | rinênggèng dene busana | akampuh jingga rinukmi | sabuk pathola wilis | akris rinênggèng mas tatur | cêlana cindhe kêmbang | ajamang binuka sri |[7] pan samarga asêsiwo lan kang garwa ||
13. kusuma yu ing Mêmênang | wahananira rêspati | pinêlanan sarya endah | lungsir bang lan lungsir kuning | apus sangkêlat acih | rinênggèng kêncana murub | sajrone kang pêlana | kasur babut prangudani[8] | pinanyungan kêrtas kuning pinêrada ||
14. asinjang garingsing wayang | kusuma di ing Kêdhiri | arja kampuh sêkaloran | pinêrada sri angrawit | udhête sutra kuning | pinêrada buntaripun | datan amawi sêngkang | kusuma di ing Kêdhiri | akalpika jumantên nila pêkaja ||
15. kadi sasi kapanglongan | kusuma di ing Kêdhiri | sakèhe para kusuma | sami kuciwa ningali | tan ana amandhingi | ing citrane Radèn Galuh | nentra[9] jait anawang | wêdananira alindri | lir Supraba arsa angidêri jagat ||
16. Ni Obong kang munggèng ngarsa | Bayan Sanggit kanan kèri | sakathahe kang pawongan | sadaya padha angiring | upacarane asri | kidang mas lawan kêkacu | lêlancang kêndhaga mas | banyakdhalang sawunggaling | myang tadhahan bakor mas kêndhi pratola ||
[Ilustrasi]
--- 234 ---
17. lantaran cêcêp kêncana | lan kuthuk sinilih asih | lante mas kang munggèng ngarsa | lan pêponjèn datan kari | ingkang nom pan sinunggi | gênge sakêlapa puyuh | anakane sapaa | isine kang sarwa adi | kadi gêrah sumêrg lampahe pawongan ||
18. Kêlana Jayakusuma | awahana rata adi | tinatrapan rêtna mulya | cinêplok nawarêtna di | kampuh gadhung rinukmi | asabuk pathola wungu | asêkar surèngpatya | akris rinênggèng mas adi | yèn sinawang lir Bêthara Kamajaya ||
19. payung agung sakêmbaran | sinamiran sutra kuning | binungkulan manik toya | lir raditya kêmbar kalih | lir Yangyang Gana sari | kadi madubrăngta nurun | ting karênyêp katingal | myang upacarane asri | kêndhaga mas tinêrètès ing sêsotya ||
20. lêlancang bakor kêncana | ajajar lante mas adi | kêkacu mas munggèng rata | banyakdhalang sawunggaling | kang lumampah ing wuri | wingkinge radèn tumênggung | kusuma di Cêmara | sumêrg balane angiring | ingkang munggèng ing wingkinge ingkang rata ||
21. sira Dèwi Surèngrana | kinăndha putri prajurit | akampuh jingga ngrangrangan | sinjang cindhe latar wilis | sêngkang êmas rinujit | asêngkang bapang mangungkung | sêmêkan nyudaraga | ya udhêt mêndhalagiri | yèn sinawang kaya Dèwi Dêrsanala ||
22. ajamang mas kinatipa | pinantèk ing rêtna adi | kêndhit ujalane raras | sêkar suwun binuka sri | rinênggèng intên adi | akilatbau kêkalung | rineka nagapuspa |
[Ilustrasi]
--- 235 ---
agêlang kana kinêmit | yèn sinawang kaya Dèwi Ratih syarga ||
23. upacarane atata | kêkacu mas sawunggaling | lêlancang bakor kêncana | mubyar ngapit kanan kèri | asamir sutra kuning | payung agung abêbungkul | kumala abra muncar | pêpatahan kanan kèri | kusuma yu tansah amangku gêndhewa ||
24. yèn basên mangku gêndhewa | sang dyah angisik jêmparing | sakèhe wong ing Cêmara | sumêrg lampahe aririh | tan ana majok[10] siji | ajrih maring kusuma yu | tan kandhêk lampahira | lumaris kang ajajari | kawarnaa Banonbang sampun kawuntat ||
54. Pangkur
1. sagunge para dipatya | wus tinata barise kang lumaris | anênggih kang ngirit laku | Dêmang Jayalêksana | pan Ki Răngga anèng têngah lampahipun | ambaurêksa ing wuntat | Angabèi Yudapati ||
2. Undhakan Astramiruda | anèng têngah wau dènnya lumaris | lawan Radèn Banyaksantun | lan Radèn Sinjanglaga | lampahira ing wingkinge ki tumênggung | Undhakan Astramiruda | tansah amaca rêrêpi ||
3. Adipati Sidapêksa | sabalane anèng ngarsa lumaris | kang munggèng ing wurinipun | Adipati Pranggunan | saha bala lampahe alon agêrgut | Adipati Băndayuda | sumêrg balane angiring ||
4. adipati ing Lumajang | Adipati Cangcangan datan kari | Dipati Purwăngga dulur | Dipati Sandipura | Adipati Lobawang sabalanipun | Adipati Pêjarakan | Bêlambangan datan kari ||
5. nênggih Ki Menak
[Ilustrasi]
--- 236 ---
Prasănta | mêksih sakit lir dêlancang winanting | lumampah anèng ing pungkur | nitih ambèn-abènan[11] | Adipati Kartasana datan kantun | wong sèwu kang baurêksa | maring kang anandhang agring ||
6. datan kawarna sêmana | lampahira Klana Jayadiluwih | wus prapta ing Singasantun | sampun atur uninga | sira wau Radèn Arya Banyaksantun | dhatêng rama sri nalendra | sami kèndêl sang dipati ||
7. kagèt galihe nalendra | pangraose sang prabu lir wong ngimpi | sira Radèn Banyaksantun | rinangkul ingkang rama | angsal karya lakunira ing wong ngutus | matur Radèn Banyakwulan | inggih angsal panduka ji ||
8. Kêlana Jayakusuma | sampun kering nênggih dhatêng ing mami | mangke kantun wontên pungkur | kèndêl ing Prabalingga | mila kèndêl lampahe radèn tumênggung | kalintang rubêting marga | sangking kèhe para rabi ||
9. gawoke manah kawula | aningali Klana Jayadiluwih | warnane anom abagus | andhap asor ing manah | sugih garwa sami putri ayu-ayu | datan kêna winilisa | sangking kèhe para rabi ||
10. sri bopati angandika | asaosa pakuwon sira patih | dèn jêmbar pakuwonipun | dene asugih garwa | saosana iya suguh banyu-banyu | supaya manggiha dhahar | duwe apa wong angili ||
11. datan kawarna sêmona | sêsaosan pakuwon sampun dadi | sakêlangkung jêmbaripun | Patih Jayakacêrmba | sampun saos samêktane wong asuguh | pan samya olah-olahan | sadaya sampun cumawis ||
12. sakathahe para garwa | pan sadaya sami
[Ilustrasi]
--- 237 ---
egar[12] kang galih | kang sami karsa sêsuguh | sami olah dhaharan | samêktane wau ingkang para arum | atanapi sêkul ulam | lir sarah kang panggang pitik ||
13. Kêlana Jayakusuma | sampun prapta ing Wukir Darawati | pinondhongan sang aprabu | myang para garwanira | apan sampun amakuwon Ki Tumênggung | Kêlana Jayakusuma | lan sagunge para rabi ||
14. sagunge para dipatya | apan sampun makuwon têpis wiring | kêbêg sajêmbare gunung | sangking kèhe kang wadya | gawok dulu sakèhe wong Singasantun | sang nata ing Singasêkar | sampun miyos amanggihi ||
15. sakathahe para garwa | amanggihi upacaranya asri | putranira sang aprabu | kusuma Nawangwulan | warnanira sakêlangkung dene ayu | wêdana anawang wulan | kuninge sêkar bêlimbing ||
16. tênggaknya anglunge jăngga | jaja wijang têngahe matêrm kengis | bau lir gêndhewa putung | alis angroning imba | yèn adulu lir kilat lagi cumundhuk | padha wanodya kasmaran | maring putri Singasari ||
17. sang prabu ing Singasêkar | wus sineba ing sagung para rabi | nulya pinondhongan sampun | Klana Jayakusuma | wus lumampah lan garwane Radèn Galuh | ingiring ing para gawa[13] | prapta ngarsane nêrpati ||
18. Kêlana Jayakusuma | atur sêmbah ing Prabu Singasari | sang prabu gêpah amêngkul | sampun tata alênggah | Ki Undhakan Astramiruda angujung | sarêng lan Wukirkusuma | Sinjanglaga angujungi ||
19. Kêlana Jayakusuma | wus alênggah ngarsane sri bopati | ingkang sinandhing ing kakung | kusuma ing Mêmênang | kusuma di Cêmara [Cê...]
[Ilustrasi]
--- 238 ---
[...mara] doh lawan kakung | kang anèng ing wingkingira | sakathahe para putri ||
20. adangu pinandêng tingal | Ki Tumênggung Klana Jayadiluwih | amicarèng jroning kalbu | Sang Prabu Singasêkar | yèn sun sawang warnane anak tumênggung | mèmpêr ki putra Jênggala | kang tinggal kala mring Kêling ||
21. kaya Ki Inu Koripan | wus anukma maring satriya iki | têka rêsêp manah ingsun | angambila atmaja | angandika sang prabu ing Singasantun | anak manira atanya | apajara dèn sayêkti ||
22. mila pun uwa mangkana | awak ingsun tinilar putra sayêkti |[14] ana silèh anak ingsun | Radèn Inu Jênggala | kaya sira anging wus kèrêm ing laut | wijil ing ngêndi ta sira | lah sira wêcaa kaki ||
23. Kêlana Jayakusuma | alon matur kamêngkados sang aji | awak kawula pukulun | dede têtiyang Jawa | sangking Pêrnggi ajal[15] kawula karuwun | anake wong pasisiran | tinilar ing rama kalih ||
24. mila kawula ngajawa | arsa krama tinampik ing pawèstri | asakit manah pukulun | sumawita Ngurawan | sri bopati kêlangkung dêlap wulangun | kawula ingambil putra | tinariman putri adi ||
25. sri bopati angandika | yèn mêngkono nyawa ki adipati | asangêt wulangun ingsun | aningali ing sira | ingsun milu ngambil putra ki tumênggung | aja sira taha-taha | angaku bapa ing mami ||
26. Kêlana Jayakusuma | alon matur wêcana arum amanis |[16] dhatêng kêlangkung anuhun | ing pêngangkên patikbra | kagèt mulat Sang Aprabu Singasantun | ningali kusuma Daha | ona kang kêrasa ing galih |[17]|
[Ilustrasi]
--- 239 ---
27. sang prabu micarèng nala | baya iki garwane ki dipati | têka mèmpêr Nini Galuh | Sêkartaji ing Daha | kang wus mati belani têtanggonipun | baya anunggal panukma | sang prabu karasèng galih ||
28. sang prabu alon ngandika | hèh garwane Kêlana Jayadiluwih |[18] awêcaa kang satuhu | ing ngêndi ajalira[19] | dene mèmpêr anak ingsun Nini Galuh | putrane kakang Ji Daha | mila karasa kang ati ||
29. umatur kusuma Daha | kamêngkados lamun putri Kêdhiri | inggih kawula karuwun | dede têtiyang Jawa | pan kawula anake wong Bali butun | kangjêng rama Bali kawak | pun ibu Bali manguwi ||
30. milane têmah mangkana | sabêdhahe nêgari kula Bali | kabayong ing ki tumênggung | têmah ingangkah garwa | angandika Sri Bopati Singasantun | ingsun ambil putra sira | dene sun tinilar ing sih ||
31. sira Dèwi Surèngrana | sapolahe dinulu ing nêrpati | sang prabu ing Singasantun | amicara jro nala | baya iki garwane anak tumênggung | iki wong ayu utama | sapolahe mêsajani ||
32. datan ana winaonan | layak dêrman ni matu[20] maring laki | sun badhe sêtya ing kakung | anging ana sun wada | wêtarane ni mantu wani ing kakung | anging ana sun wêtara | sêmune wididya laki ||
33. sri bopati angandika | baya sira rabine ki dipati | sangking pundi wijilipun | babo ni mantu sira | alon matur wuwuse lir madu juruh | inggih pukulun kawula |
[Ilustrasi]
--- 240 ---
anake wong kawlasasih ||
34. kamangkados[21] yèn kanggea | gih kawula anyèthi ki dipati | èwêt galihe wong agung | mênawi botên lana | angsalipun awak kawula pukulun | dèwaji putri Cêmara | binayong kalah ajurit ||
35. inggih Sang Prabu Ngurawan | kang ambayong dhatêng ing awak mami | pinupu atmaja ingsun | sampune lama-lama | kaparingkên dhumatêng radèn tumênggung | kawula kinèn mawongan | tan wagêt anglêladèni ||
36. sang prabu ing Singasêkar | angandika wêcana apait gêndhis |[22] yèn mangkono anak ingsun | sira sun ambil putra | dene sira wong pêsaja sêtya tuhu | kusuma yu awot sêmbah | inggih dewaji kapundhi ||
37. sakèh pramèswarinira | para garwa Sang Prabu Singasari | sadaya padha andulu | amicara ing nala | iki silèh satriya anom abagus | lir Yyang Asmara wèh rimang | tur asugih garwa putri ||
38. sang prabu ing Singasêkar | angandika wêcana rum amanis | milane anak tumênggung | ingsun pondhongi sira | wiyosipun pun rama anjaluk bantu | sangking tiwase pun rama | ambaurêksa nêgari ||
39. yèn mangke pun rama asrah | maring sira nêgara Singasari | sira rêbuta nak ingsun | măngsa bodhoa sira | dènnya amrih arjane ing Singasantun | ingong asrah maring sira | amis bacine kang nêgri ||
40. dèn akèh panrimanira | dene ingsun ratu tilar nêgari | sayêkti arang sêsuguh | maring ingkang sarira | yêkti kurang dhaharanira sinandhung | asare datan sakeca | tan amanggih tilamsari ||
41. Kêlana Jayakusuma | alon matur mring Prabu Singasari | sampun kapundhi kasuwun | pasihane nalendra | tan kuwawa amangsuli pun tumênggung | ing pêjah gêsang kawula | katura dhatêng dewaji ||
42. kusuma yu Nawangwulan | aningali Klana Jayadiluwih | dene warnane abagus | ana rasaning driya | alon matur ing rama sarwi gumuyu | sang aprabu angandika | pagemu angoyok nini ||
43. matur Dèwi Nawangwulan | wong puniku rama asugih rabi | warnane anom abagus | sirike sugih garwa | angandika Sang Aprabu Singasantun | pagene dahuwèn sira | lèngsèr putri Singasari ||
44. Ki Sandulumur angucap | padha wadon wong Ngurawan Kêdhiri | tanapi wong Singasantun | padha wadon sadaya | pratantandhane bakal dadi karyaningsun |[23] samangsane sun tilara | nêgarane bosah-basih ||
45. datan kawarna sêmona | sampun lèngsèr sira sang adipati | sangking ngarsane sang prabu | Klana Jayakusuma | dipun iring dhatêng sagung para arum | Kêlana Jayakusuma | sampun makuwon tumuli ||
46. egar sagung para garwa | pan sadaya apan apaès sami | karsane radèn tumênggung | wau ya bêbêdhaya | abusana sakathahe para arum | ingkang kinarya bêdhaya | sakathahe para putri ||
47. atanapi kang gamêlan [gamê...]
--- 241 ---
[...lan] | kang anabuh punika para putri | gamêlan munya ambarung | angrangin kapiyarsa | Sandulumur sêmbada kinarya ludrug | kalintang lucune iya | gumuyu sakèh ningali ||
48. sami wignya abêdhaya | sakathahe wau kang para putri | wau rahadèn tumênggung | ngadêg têngah kalangan | citranira lir Yyang Asmara abagus | anèng ing Pêparewarna | sêsiwo lan widadari ||
49. mangkana Dèwi Onêngan | ingkang raka wau dèn pêpiringi | dhuh kakang dewane ayu | baya bêsa[24] abêksa | saumurku pan dadi sadulur ingsun | si kakang tan tau bêksa | sun wêtara nora bangkit ||
50. Kêlana Jayakusuma | ya ta mèsêm wêcana apait gêndhis |[25] beka têmên ariningsun | wicara yèn bisaa | yêkti isin mênawi dipun gêguyu | maring para kadangira | Onêngan matur mlasasih ||
51. yèn dika nora abêksa | kula monthah[26] kakang banjur anangis | măngsa mênênga sataun | banjur kêlaran pisan | angandika sira rahadèn tumênggung | nora kaya yèn bocaha | beka têmên sira yayi ||
52. iya ingsun arsa bêksa | lah matura mring kusuma Kêdhiri | konên nabuhi maringsun | mêngko ingsun abêksa | Ni Onêngan matur maring Radèn Galuh | pun kakang arsa bêksa |[27] ratu mas dika tabuhi ||
53. kusuma yu ing Mêmênang | langkung sêkêl manahira wiyadi | mila sêkêl Radèn Galuh | larane Ki Prasănta | langkung sangêt angraos nora amupu | kusuma yu ing Mêmênang | amicara jroning ati ||
54. abot têmên wong ngawula | sadulure paripêksa kêpati | sang dyah lumêksana sampun | anabuh gambang găngsa | Ni Onêngan tan kari milu anabuh | anabuh salukat mêmbat | kang angricik para putri ||
55. kusuma yu ing Cêmara | ingkang kinon muruk kang para putri | sira sang dewane bagus | sigra lêkas abêksa | yèn dinulu lir Yyang Asmara wèh wuyung | rêspati tibane asta | ngênglêng sagung para putri ||
56. sagunge para dipatya | lan kadeyan kêploke angêdhasih | mangkana Rahadèn Galuh | andulu maring priya | ingkang raka sarêng dènira andulu | ki tumênggung mêmêndhapan | sinambut sang kadi Ratih ||
57. pinondhong kusuma Daha | dhuh gustiku kang asor Dèwi Ratih | dhuh mirah ratune ngayu | eman anabuh gambang | aprasasat Sang Dèwi Ratih tumurun | wus minggah ing pêpajangan | kang garwa rinêmih-rêmih ||
58. ya ta kawarnaa enjang | ki tumênggung arsa mangsah ajurit | sakathahe para arum | sami pêpêk sadaya | kusuma yu ing Cêmara saos kakung | arsa abusana ing prang | kakung mèsêm aningali ||
59. Kêlana Jayakusuma | alon mujar wêcana pait gêndhis | arsa punapa wong ayu | dene atali wănda | sira Dèwi Surèngrana alon matur | kawula tumut ayuda | asinau ngiring-iring ||
60. ki tumênggung angandika | sampun tumut gusti gène andasih | lah karia jiwaningsun | anèng i pamondhokan | kusuma di ing Cêmara aris matur | punapa damêl kantuna |
--- 242 ---
ewuh iya wong ajurit ||
61. mênawi dika kasoran | bok kapindhon kadi bêdhah ing Bali | ingiring ing wong rong èwu | dadya wong sangang lêksa | botên sami pangeran lan awak ingsun | dene pawongane lama | tur milu kawêlasasih ||
62. kawula lamun kantuna | tanpa ngrasa dadi dêlapa urip | sakadare awak ingsun | sampun mukti wibawa | kaping kalih aparentah para arum | lan malihe ujar ingwang | kawula barênga mati ||
63. Kêlana Jayakusuma | ya ta mèsêm ningali ingkang rayi | kang garwa rinangkul gapyuk | dhuh atma jiwaningwang | amung sira wong ayu ayu anulus | wode pun Jayakusuma | kang milu kawêlasasih ||
64. ing ngêndi gèn ngularana | amung sira wong cèthi acuwiri | atêrkăndha yèn sun dulu | apindha Wilotama | polahira kadi Dêrsanala nurun | lantase yèn angandika | gumêndhèng anjait ati ||
65. midêra sèwu ing nêgara |[28] nora olih kadi kang jait ati | kusuma pinondhong sampun | minggah wahana rata | akalihan lawan kusumaning ayu | anggêrgut kadeyanira | tan ana mundur ing jurit ||
55. Pupuh Durma ingkang gumanti têmbang
1. sigra cancut Ki Dêmang Jayalêksana | Ngabèi Yudapati | Răngga Jayasantika |[29] sampun anata bala | angrok têngara tinitir | wadya sumahab | angrampit Singasari ||
2. sakathahe para dipati sadaya | sampun tinata jurit | kang pêngawat kanan | sarta lan pêngawat kiwa |[30] Kêlana Jayadiluwih | anitih
[Ilustrasi]
--- 243 ---
rata | wau lawan kang rayi ||
3. kawarnaa Sang Nata Tawanggantungan | ya ta miyos ing jurit | anitih jêmpana | ingiring para putra | sang prabu datan kaèksi | wingit kalintang | akèh putra ngalingi ||
4. datan kêna winilang putrane nata | padha anom apêkik | gong maguru găngsa | têtêg kaya butula | sumahab tingkahing jurit | ayun-ayunan | lawan wong Singasari ||
5. wontên putra kang milu nunggang jêmpana | pawèstri mung sawiji | lintang kinasihan | kadi gênthong sinawang | awasta Ni Sarimêlik | rambute jêbrak | kêna kinarya biting ||
6. sok mêlèka ni rara tansah mêmangan | dêrwakane kêpati | pan alah wong tuwa | dêrwakane ni rara | yèn kala kurang abukti | yèn sinapiha | karêpe lara anangis |[31]|
7. kadya gêrah wadya kang ayun-ayunan | parêng têmpuhing jurit | arame kang yuda | wus kathah ingkang pêjah | agênti asilih ukih | padha prawira | gênti rok silih ukih ||
8. apuyêngan tanbuh mungsuh lawan rowang | wangke sungsun atindhih | akèh wong kabranan | surake bal-ambalan | angrok lawan bêdhil muni | yèn piniyarsa | kaya ngrubuhna wukir ||
9. pan kalindhih yudane wong ing Lumajang | wong Băndayuda gusis | larut wong Cangcangan | bubar wong Pêjarakan | Purwăngga Sandiwêringin | parêng lumajar | kalindhih tan na pulih ||
10. kagèt mulat Kêlana Jayakusuma | duka yayah sinipi | alon angandika | maring kadeyanira | Angrabèi[32] Yudapati | Jayalêksana | tandangana tumuli ||
11. sigra mangsah Ki Dêmang Jayalêksana | pêdhange wêsi
[Ilustrasi]
--- 244 ---
kuning | parise ingikal | sampun maju ing rana | pangamuke angajrihi | lir gajah mêta | ingkang katrajang gusis ||
12. yèn dinulu tandange kadi rasêksa | Ngabèi Yudapati | pêdhange ingikal | sura panggah ing rana | tandange angowak-awik | ingkang katrajang | akèh prajurit mati ||
13. sigra tandang Ki Răngga Jayasantika | pangamuke mangukih | kadi saradula | galak amăngsa sarpa | binendrong bungsur jêmparing | bêdhil brondongan | prandene tan gumingsir ||
14. akèh mati bala ing Tawanggantungan | dene pun Yudapati | miwah Jalêksana | miwah Jayasantika | pangamuke angajrihi | apan akathah | wangkene para mantri ||
15. sarêng mangsah Undhakan Astramiruda | lan Radèn Wukirsari | kadi saradula | pangamuke ing rana | akèh antuke pêpati | wong tanah sabrang | kang mati sungsun tindhih ||
16. sampun mangsah Ki Ariya Wijatmaka | pangamuke apulih | bala ing Cêmara | sumahab tandangira | pangamuke galong pipis | sarêng nêrajang | sadaya derah pati ||
17. bubar larut bala ing Tawanggantungan | akathah ingkang mati | ana kang lumajar | mutung watang pyambak |[33] sawênèh malik kulambi | ana lumajar | sarwi anandhang kanin ||
18. sampun dhadhal bala ing Tawanggantungan | siji tan ana kari | kantun para putra | ingkang dèrèng ayuda | sakèh putrane nêrpati | padha prawira | tan pasah dene wêsi ||
19. sarêng matur sakathahe para putra | ibu atur upêksi | wong Tawanggantungan | akathah ingkang pêjah | angandika sri bopati | sangking jêmpana [jê...]
[Ilustrasi]
--- 245 ---
[...mpana] | wêcana rum amanis ||
20. wong ing ngêndi iya mungsuhe ayuda | kang putra matur sami | wong sangking Ngurawan | Klana Jayakusuma | amêntas bêdhah ing Bali | dèn ambil sraya | mring Prabu Singasari ||
21. angandika kang anèng jrone jêmpana | apa rupane kaki | kang aran Kêlana | matur putra sadaya | warnane datan kaèksi | anitih rata | pangamuke ngajrihi ||
22. ya ta mèsêm kang anèng jrone jêmpana | ana kêrasa ngati | amicarèng nala | sokur ingsun juwata | putra ing Jênggala sami | mêksih agêsang | kabèh kadeyan mami ||
23. angandika marang ingkang para putra | ingkang irêng ta kaki | yèn mangsaha pêrang | poma sira sipata | pêpilingane kang kèri | yèn wus aniba | byukana dèn kajodhi ||
24. ingkang abang awake kaya têmbaga | mêngko lamun ajurit | lah sira sipata | pilingane kang kanan | yèn sampun kaèksi |[34] dèn kacêkêla | godhinên lan têtali ||
25. ingkang gagah godhèk bêrngos abirawa | cêkêlên dèn ngati-ati |[35] anêmbang têngara | anggêrgut tandangira | yèn dinulu angajrihi | kang para putra | sami kasmaran jurit ||
56. Asmaradona[36] ingkang gumanti
1. mangsah para putra sami | tandange lir saradula | sami arampak jurite | sadaya padha prawira | sarêng sami sêsumbar | kadi gêrah syaranipun | dènira anguwuh lawan ||
2. aja na mundur ing jurit | Ki Dêmang Jayalêksana | sakêlangkung bramêtyane | anulya mangsah ing rana | angikal pêdhang malela |[37] Jayalêksana [Jaya...]
[Ilustrasi]
--- 246 ---
[...lêksana] amuwus | lah payo barênga mara ||
3. sok kênaa ta sirèki | pêsthi tugêl gulunira | lir gajah mêta tandange | Ki Dêmang Jayalêksana | putra Tawanggantungan | ngucira ing tandangipun | dipun sêsiwo kewala ||
4. Dêmang Jayalêksanèki | wus binendrong ing sênjata | ya ta kêna pilingane | Jayalêksana aniba | tan pasah pan kêntaka | purwa duksina tan emut | dèn byuki ing para putra ||
5. anulya dipun talèni | emut ing purwa duksina | tan ucul dèn rusakake | mujar Ki Jayalêksana | ingsun lah patènana | lah aja sira talikung | sun wirang nandhang pusara ||
6. para putra asru angling | ja ta kakehan wicara | iya sun patèni mangko | yèn wus katur ibu raja | Yudapati bramêtya | anuli mangsah anggêrgut | asikêp parise pêdhang ||
7. dhuwung bêntala tinarik | pangamuke kaya buta | duk kala măngsa kang wong |[38] lah payo barênga mara | lah ingsun kêmbulana | mênawa tanbuh sirèku | iya ingsun Yudapatya ||
8. tau akramas jêmparing | lamun ingsun magut yuda | kêcandhaka sira mangke | ting gêlinting murdanira | payo padha majua | yèn basên urip sirèku | putra ing Tawanggantungan ||
9. pan sami prawirèng jurit | ngucira tingkahe yuda | padha anyanyiwo mangke | sigra ambendrong sênjata | Yudapati wus kêna | para putra sami ngêrbut | Ki Yudapati aniba ||
10. para putra gêrgut sami | padha ngêbyuki sadaya | sampun tinalenan mangke | Ki Yudapati kabêsta | emut purwa duksina | kalamun nyandhang têtangsul | Ki Yudapati akurda ||
11. abudi [abu...]
[Ilustrasi]
--- 247 ---
[...di] nora kuwawi | Ki Yudapati angucap | salawasku urip make[39] | durung anyandhang pusara | mung mêngko kalampahan | payo patènana ingsun | pan ingsun kalah ayuda ||
12. para putra anauri | durung katur ibu raja | Jayasantika ta mangko | angamuk karo curiga | tandange kadi singa | payo kêmbulana ingsun | ya ingsun Jayasantika ||
13. lah padha rêbutên mami | aja na mundur ing yuda | padha wong surapatine | nulya binendrong sênjata | kêna pupune kiwa | Jayasantika tan emut | aniba siti buntala ||
14. para putra angêbyuki | Ki Răngga sampun binêstha | asêsambat ing gustine | kawulane dèn rêbuta | Ki Arya Sinjanglaga | lawan Radèn Banyaksantun | lan Arya Wijatmaka |[40]|
15. dipun bendrong ing jêmparing | sarêng lumayu katiga | mungkur menda pêlayune | baya karsane juwata | manah awêdi gila | sira Radèn Wukirsantun | dipun bendrong ing sênjata ||
16. angrasa nora kuwawi | dhasar rada pêpasihan | malang tumulih garwane | upama ingsun matia | mendah tangise baya | mulane kêbat lumayu | Undhakan Astramiruda ||
17. wus sayah pangamuknèki | dipun bendrong ing sênjata | lumayu sangking ranane | amicarèng jroning nala | lamun ingsun matia | kusuma Ngurawan iku | eman alaki wong liya ||
18. tan suka ing dewa luwih | singa wonge ngrabènana | siyang dalu ingsun ame | lamun panggiha lan ingwang | Astramiruda lumajar |[41] tiba kantêp lampahipun | asambat Rêtna Kumuda ||
19. mirah tulungana mami | Ki Sandulumur punika | nitihi sêntana kabèh | katangkêban [katangkê...]
[Ilustrasi]
--- 248 ---
[...ban] undurira | dipun bendrong sênjata | kadi cinukur kang rambut | lapake kêna sundawa ||
20. prandene nora nêdhasi | tandhane asugih japa | angalor cinêgat mangke | nuli cinêkêl kiwala | kampuhe ting kalênthar | Ki Sandulumur amuwus | mêlasasih sambatira ||
21. lah uculna awak mami | pan ingsun dudu prawira | ingsun sikêp desa mangke | mujar sagung para putra | irungmu gêdhe dawa | kêna ing apa sirèku | apa baya cilik mula ||
22. lah iya irungingrèki[42] | sun angsabe[43] lawan bata | Sandulumur sru tangise | lumayu aniba-niba | Sandulumur wus têbah | sêsumbar bari lumayu | nusula ingsun sênjata ||
23. kadange sêpuh ta mami | mring Klana Jayakusuma | lah payo nusula gathèl | măngsa nyandhaka maringwang | binuru lawan kuda | lir bator[44] pêlayunipun | malah kapesing ing marga ||
24. kocar-kacir tainèki | tenjane[45] cabuk kiwala | Sandulumur sru tangise | umatur ing gustinira | kawula tur uninga | punapa ing karsanipun | kadeyan dika têtiga ||
25. pangeran sampun kajodhi | kêlangkung dene prawira | asêkti măndragunane | Kêlana Jayakusuma | alon dènnya ngandika | ingsun dhewe kang lumaku | arsa tandhing ing ayuda ||
26. Kêlana Jayadiluwih | sigra angrapakên rata | dyan Dèwi Surèngranane | angundha-undha gêndhewa | gumêr kang wadyabala | prapta ing rana pan sampun | Kêlana Jayakusuma ||
27. asumbar-sumbar ngajrihi | lah payo barênga mara | ing kêmbulana [kêmbula...]
[Ilustrasi]
--- 249 ---
[...na] ingong |[46] ingsun prajurit Ngurawan | kasusra pramuditya | ya Jayakusuma ingsun | mênawa tambuh tênaya ||
28. kasusra ing rat sabumi | yèn ingsun asugih garwa | tur padha putri yu anom | sadaya manira gawa | yèn ingsun kalah yuda | lah padha bayongên iku | putra ing Tawanggantungan ||
29. sadaya padha lumaris | sakêlangkung ajrihira | maring kang nitih ratane | pan sami matur sadaya | dhatêng ing ibunira | pukulun anuhun bêndu | kula atur uninga |[47]|
30. mila kula mundur jurit | kalintang ajrih tumingal | mring Klana Jakusumane | angrangsêg wahana rata | alon dènnya ngandika | kang anèng jêmpana wau | aja na mundur ing rana ||
31. lah padha majua kaki | sakathahe putraningwang | dèn padha surèng palugon | nuli mangsah ing ronaga[48] | padha timbul ing braja | sadaya wus nginum banyu | sakathahe para putra ||
32. kadi saradula wani | sumahab mangsah ing rana | angêmbuli sadayane | mring Klana Jayakusuma | satêngên lawan kiwa | sangking ngarsa lawan pungkur | Tumênggung Jayakusuma ||
33. tan gingsir sing ratanèki | lir kilap laraping astra | malah têlas jêmparinge | mungsuhe tan ana kêna | Klana Jayakusuma | kalintang merang ing kalbu | tumandang putri Cêmara ||
34. anglêpasakên jêmparing | kalintang dene prawira | pan kadi udan panahe | jêmparing têlas sadaya | mungsuh tan ana kêna | kèmêngan sang putri wau | wus putung gêndhewanira ||
35. kusuma têmahan nangis | rinangkul dhatêng kang raka | sampun karuna riningong | kang
[Ilustrasi]
--- 250 ---
amindha Wilotama | wus watêke manungsa | kalah mênang yudanipun | lah dawêk mundur kusuma ||
36. ing mangke anata baris | matur kusuma Cêmara | angur pêjaha wak ingong | dhuh pangeran uculna |[49] kula ngamuk priyăngga | mangkana radèn tumênggung | mèsêm angrakul ing garwa ||
37. kang garwa dèn arih-arih | mujar Ki Jayakusuma | dhuh mas mirah jiwaningong | kêrasira timur mila | têkèng mangke tan suda | gugunên pitutur ingsun | lah dawêk mundur kusuma ||
57. Pupuh Durma ingkang gumanti
1. yudanira Kêlana Jayakusuma | apan sampun kalindhih | mundur sangking rana | anandêrakên rata | astanira ingkang kèri | angrangkul garwa | sarwi arêmih-rêmih ||
2. ingkang têngên gèmèli kêndhali rata | sarwi angrungrum rabi | Dèwi Surèngrana | asru dènnya karuna | sêdyanira pulih gêtih | arsa mudhuna | tan sinung ingkang laki ||
3. dipun ungsêd dene wong Tawanggantungan | kang padha mênang jurit | bêdhili samarga | tawok lêmbing lumarap | sinêmplok ing ganjur uwit | ratane rêmak | pan kongsi kontrang-kantring ||
4. padha bali sakèh wong Tawanggantungan | kang padha mênang jurit | Ki Jayakusuma | wus prapta pamondhokan | sakathahe para rabi | padha karuna | dene kasoran jurit ||
5. kusuma yu ing Daha sampun amapak | asawang Dèwi Ratih | amicarèng nala | priyayine Ngurawan |
[Ilustrasi]
--- 251 ---
yèn èstu kasoran jurit | panêdhaningwang | pangeran aja mati ||
6. kawarnaa sang putri ing Băndayuda | amapak maring laki | lali kasêmêkan | angure-ure rema | sadalan lara anangis | mêntas kujamas | sêmune awor brangti ||
7. kusuma yu putri Lumajang amapag | kasêmêkane kari | angure-ure rema |[50] sarwi amala jaja | mêntas sukêr kusuma di | dèrèng kujamas | bonyoh alulur kuning ||
8. wus amapag kusuma yu ing Pranggunan | wau lagi aguling | kagèt amiyarsa | yèn kang raka kasoran | lumayu sarwi anangis | gupuh amapag | kojur dènira têtapih |[51]|
9. wus amapag kang para putri sadaya | padha arêbut dhingin | solahèng sêmona | malah asalang tunjang | asambat sang adipati | ingkang satêngah | sambat pangeran gusti ||
10. langkung maras kusuma Dèwi Onêngan | sambate mêlasasih | niba gêgulungan | sambat kakang pangeran | suwe-suwe sambat laki | baya palastra | kakang Mas Wukirsari ||
11. pan kapapag Undhakan Astrawijaya | lawan Ni Ragil Kuning | parêng rêrangkulan | lir puyuh têtarungan | mujar Radèn Wukirsari | batên anyana | apanggih lawan gusti ||
12. saumurku dèrèng manggih wong mangkana | kalintang dene sêti | wong Tawanggantungan | tan pasah dene braja | kakangira Yudapati | Jayalêksana | wus padha dèn talèni ||
13. alon mujar sira Ni Dèwi Onêngan | pangeran anèng ngêndi | Radèn Wukirsêkar | alon dènira ngucap | apisah kalawan mami | kangjêng pangeran [pangera...]
[Ilustrasi]
--- 252 ---
[...n] | tanbuh mati lan urip ||
14. asru monthah wau Ni Dèwi Onêngan | kakunge ngarih-arih | tan adangu prapta | Klana Jayakusuma | mudhun sangking rata aglis | kang para garwa | sadaya angêbyuki ||
15. kang sawênèh ana kang ngrangkul ing raka | ana angrangkul wêntis | ana ngrangkul pada | ana angrangkul jaja | sangking kathahe kang rabi | sang adipatya | pan kongsi kêmpis-kêmpis ||
16. alon mujar kusuma di ing Mêmênang | sokur pangeran urip | jamake wong apêrang |[52] gusti têrkadhang wirang | ing benjang pinagut malih | mèsêm rahadyan | angaras wanti-wanti ||
17. kawarnaa wus manjing ing pamondhokan | ingiring para putri | lir Sang Kamajaya | têdhak sangking suwarga | kadukan ing Yyang Pramèsthi | mring Indrakila | sêmune wirang isin ||
18. wirangira dene kasoran ing yuda | wirange nora kanin | Ki Jayakusuma | têka mujung anendra | kusuma Daha mêtêki | kang para garwa | sami andhèr atêbih ||
19. êngkuk muni ing tawang sami sauran | pan kadi anyêmoni | mring kang kawon aprang | kêdhasih munya tawang | anglir kadya mêmiringi | cucur sauran | kadi nangisin-isin[53] ||
20. kusuma di Cêmara mujung anendra | wau sare pribadi | mujung kampuh jingga | pinanthêng lir bêdhaha | inyane amêmêtêki | ingkang karasa | ratane rontang-ranting ||
21. kawarnaa Nêrpati Tawanggantungan | sampun ngêdhaton malih | dhatêng Singasêkar | wau ingkang babêstan | Jalêksana Yudapati | Jayasantika [Jayasanti...]
[Ilustrasi]
--- 253 ---
[...ka] | sami dèn têtakoni ||
22. sri bopati mêksih anèng jro jêmpana | warnane tan kaèksi | Răngga Jayasantika |[54] Dêmang Jayalêksana | Angabèi Yudapati | lara kang manah | kabèh waspane mijil ||
58. Pupuh Mijil ingkang gumanti
1. hèh babêstan sira sun takoni | wêcaa maringong | wong ing ngêndi ta sira wijile | lawan sapa ingkang sira iring | lan arane uni | matura katêlu ||
2. Jalêksana lawan Yudapati | Jasantika kang wong | sami gawok miyarsa syarane | kang anitih jêmpana pawèstri | Jasantika angling | alon aturipun ||
3. inggih asal kawula kariyin | dhuh dewa sang katong | ing Jênggala kawula wiyose | Ki Pramade ran kawula dhingin | mèsêm jroning ati | karasa tyasipun ||
4. pira kadangmu ingkang tunggal bibi |[55] Ki Răngga tur alon | duk ing kina satunggal wastane | wadon Kanastrèn pan ayu luwih | inggih kakang mami | tunggil bapa ibu ||
5. duk ing kina pan sampun alaki | nênggih kakang êmbok | Ki Prasănta wastane lakine | kathah anake pan gumariwis | kadi sampun mati | ing sapungkur ingsun ||
6. ya ta mèsêm wau sang nêrpati | micarèng driya lon | baya pangling maring sadulure | yèn pamane wikana ing mami | kalingane pangling | maring awak ingsun ||
7. sapa ranmu ingkang agêng inggil | abang sariran wong | ya Ki Răngga pan asru ature | inggih duk kina sadulur mami | pan kapêrnah adhi [a...]
[Ilustrasi]
--- 254 ---
[...dhi] | Andaga ranipun ||
8. ingkang irêng dêdêge ainggil | sapa rane kang wong | ya Ki Răngga pan alon ature | inggih punika sadulur mami | pan kapêrnah adhi | Kêrtala ranipun ||
9. sang nêrpati angandika aris | ingsun atêtakon | Ki Prasănta nèng ngêndi ênggone | Răngga Jayasantika turnya ris | inggih dawêk agring | malah arsa lampus ||
10. kèhing tămba datan miyatani | lara tanpa tanggon | sang nêrpati micarèng nalane | dhuh dewaku kangjêng kiyai |[56] aja age mati | antosana ingsun ||
11. atmajane èstri kang sinandhing | alinggih lir gênthong | nèng jêmpana ing wau pêrnahe | akêkasih Ni Bok Sarimêlik | rinangkul aririh | sirahing[57] engambung[58] ||
12. amung sira putrèngong kêkasih | wode atiningong | mèmpêr kangjêng kiyai warnane | ramanira mêksih gêsang nini | anging lagi sakit | dewa bêtharaku ||
13. saya krasa maring ingkang agring | malêbèng kêdhaton | angandika maring putra kabèh | babêstanmu iya iku kaki | dèn karêksa ugi | dhahar catunipun ||
14. ya ta ingkang kawarnaa malih | kang anèng pakuwon | Ki Kêlana Jayakusumane | kang sineba maring para manis | apan tigang wêngi | tan kêna amuwus ||
15. padha mujar sagung para putri | dhuh sang bagus anom | dingarène tan ana jayane | têka kasoran dewane èstri | baya sampun jangji | pangeran tumênggung ||
16. putri Cêmara nèng ngarsa kapering |[59] aturipun alon |
[Ilustrasi]
--- 255 ---
nganti punapa tan magut jurite |[60] yèn mêngkatên kawula tur pamit | lilanana mami | tanmagut[61] prang pupuh ||
17. gawok têmên kawula ningali | polahe sang anom | têka pijêr lêngak-lênguk bae | nora mambu wong kasoran jurit | mèsêm sang apêkik | èmêng manah ingsun ||
18. putri Daha ature amanis | wêcanane alon | atur kula bokmênawi kangge | dene sampeyan kasoran jurit | nênêdha dewa sih | mênawi tinulung ||
19. yèn sampeyan sampun antuk wisik | mring juwata kaot | dyan wuwuha mungsuh dika mangke | sakêthi ngarêp sayuta buri | mèsêm ki dipati | mangu sarwi ngadhuh ||
20. lon rinangkul ing sang kadi Ratih | anulya pinondhong | amung iki gustine abdine | nadyan Uma Sang Bêthara Ratih | kadi batên sami | lawan sang dewa yu ||
21. yèn ngandika pait madu gêndhis | wèh asmaraning wong | wong ajait langês asmarane | nora miyat darbe gusti malih | mung sang kadi Ratih | sihe kang kaetung ||
22. undhangana sakèh para putri | kabèh garwaningong | padha konên abêdhayan kabèh | mêngko dalu gon ingsun anêpi | sampun dèn undhangi | sagung para arum ||
23. wus tinatap gamêlan angrangin | enggar para sinom | sami lêkas babêdhayan kabèh | kawarnaa kasaput ing wêngi | Inya Bayan Sanggit | sampun akêkutuk ||
24. pan akathah mênyan kang binêsmi | anèng ing pakuwon | amrik wangi kang mênyan gandane | Ki Kêlana Sang Jayadiluwih | pan sampun [sampu...]
[Ilustrasi]
--- 256 ---
[...n] anêpi | ing pungkuran kidul ||
25. damar kurung sampun amêrapit | asri lamun tinon | Ki Kêlana Jayakusumane | asidhakêp asta pada êning | asêdya minta sih | mring bêthara luhung ||
26. Sang Nêrada sigra nuli prapti | manjing ing pakuwon | ki tumênggung rinangkul janggane | adhuh nyawa pêpakuning bumi | amung sira kaki | kinasihan guru ||
27. mulanira amujya sêmèdi | ingsun atêtakon | apa sira sêdya satêmêne | awêcaa maring awak mami | amung sira kaki | kasihan dewa gung ||
28. anêdyaa sira bagus kaki | pan sampun kinaot | wong sajagat sira bagus dhewe | anêdyaa sira sugih rabi | rabine pra putri | padha ayu-ayu ||
29. anêdyaa kaki sira sêti | pan sampun kinaot | wong sajagat sira sêti dhewe | pilih tandhing kaki yèn ajurit | awêcaa kaki | apa sira jaluk ||
30. alon mujar Ki Klana diluwih | yyang kaki tur ingong | mila kula agêrah wirage | anênêdha amujya sêmèdi | pan kasoran jurit | kawula tumênggung ||
31. mêngsah kula prawira sinêkti | ratu sabrang kaot | inggih Tawanggantungan kithane | nitih jêmpana datan kaèksi | kalintang asêti | kawula kaburu ||
32. Ki Nêrada gumuyu abêlik | angrangkul jăngga lon | putuningsun wong bagus rupane | dingarène kanglindhih[62] ing jurit | mêsakake kaki | kêkasihe ngulun ||
33. lamun arsa sira mênang jurit | gugunên jar ingong | aja sira putu mangsah dhewe | Ki Prasănta pagutna ing jurit | iku kang kuwawi | năngga yudanipun ||
34. Ki Kêlana Anjayadiluwih | aturipun alon | kang Prasănta agêrah wiyose | langkung sangêt anandhang kêkêling | pintên banggi benjing | yèn kuwasa nyukup ||
35. titihêna ing rata kang agring | pagutna palugon | wus karia ingsun mulih radèn | Sang Nêrada arsa mênyat gipih | nuli dèn bondhèti | mring Ki Sandulumur ||
36. Sandulumur datan awèh mulih | tur sarwi malerok | satauna nora awèh mangke | apan rika bêthara sinêkti | ingsun jaluk pari | kang kaya êndhasmu ||
37. Ki Nêrada andêdêl pratiwi | Sandulumur dongong | kari gana pan akèh ujare | Ki Nêrada têka balejani[63] | lamun ora bali | bêthara lir asu ||
38. Klana Jayakusuma linuwih | lampahira alon | pan anuju ing padhang sasine | kusuma Daha pan mêksih guling | anèng tilamsari | rinarêpèng kakung ||
39. awungua dhuh sang kadi Ratih | kang murcitèng panon | wong wilêtan ing asmara rume | yèn ngandika marasakên agring | mung sang kadi Ratih | sihe kang kasuhun ||
40. pan ujare wêlas ingkang abdi | sang murtine panon | kadi Ratih kang eca asare | yyangyyang tilam mirah jinêmwangi | amung sira gusti | sang lênglêng mêndhanu ||
41. citranira padha tranging sasi | ingkang lagi ngayon | lah wungua gusti nahing anggèr |
--- 257[64] ---
[...] | [...] | [...] ||[65]
--- 259 ---
59. Pangkur[66]
1. [...] | [...] | [...] | [...] wilang |[67] kadi gêrah syarane wong nantang mungsuh | amuk wong Tawanggantungan | payo tandhing kuwani[68] |[69]|[70]
2. nênggih Ki Menak Prasănta | dèrèng waras dènira nandhang agring | binêkta mring rana sampun | tinunggangakên rata | lir dêlancang amung kari kêtêkipun | awêlas sakèh tumingal | kadi dêlancang winanting ||
3. sawênèh micarèng nala | kayaparan karsane ki dipati | Ki Prasănta lagi angluh | ingajokakên rana | baya alara ragane dèn priha lampus |[71] baya Ki Lurah Prasănta | iya dhingin dosa pati ||
4. kang sawênèh ana ngucap | sun wêtara Ki Prasănta kariyin | baya agung dosanipun | maring kangjêng pangeran | sun wêtara angladèni garwanipun | sawênèh ana angucap | mohal[72] mangkonoa iki ||
5. Nêrpati Tawanggantungan | kawarnaa sampun miyosi jurit | têngara umyung gumuruh | anggêrgut balakusya | para putra kumêrab kang bala magut | pan sampun ayun-ayunan | ing rana campuh ngajurit ||
6. kadi ombaking samodra | duk anêmpuh maring ing parang curi | syarane bala gumuruh | awor rêbahing watang | pyuking endhe kêpruke wong nandhang tatu | kadya ngobahna jagad |[73] surak lir karêngèng langit ||
7. kocapa Menak Prasănta | munggèng rata sarwi anandhang agring | pangiride ratanipun | giris miyarsa surak | wêdi bêdhil têka tumêmpuh ing mungsuh | putra ing Tawanggantungan [Ta...]
[Ilustrasi]
--- 260 ---
[...wanggantungan] | sadaya sami nadhahi ||
8. sakathahe para putra | ingkang rata wau ingêncêp wani | dipun nyana ki tumênggung | ingkang anitih rata | kinêmbulan ingkang rata ajur rêmuk | Ki Menak Prasănta tiba | kadi dêlancang winanting ||
9. Ki Prasănta tiba lêmah | gêlundhungan kagyat anuli tangi | ya ta lungguh lênguk-lênguk | pêpungun wong kêlaran | jaluk banyu dhuh ki raka Sandulumur | ki raka anêdha sêga | apêrih rasaning ati ||
10. sakathahe para putra | pan sadaya kamitênggêngên sami | ana arsa bêdhil wurung | anumbak datan sida | kang sawênèh arsa nuduk mêdhang wurung | sakathahe para putra | sadaya mundur aririh ||
11. pan sami matur sadaya | nuhun ibu kawula tur upêksi | pan wontên prajurit luhung | tiba sangking ing rata | lir dêlancang winanting sariranipun | wêlase manah kawula | dene ta wong nandhang agring ||
12. pan arsa kawula pêdhang | wau ibu arsa kula bêdhili | sêsambate angrêruntuh | sarwi anjaluk sêga | pangucape jaluk sêga Sadulumur[74] | wêlase manah kawula | wong agring mangsah ing jurit ||
13. Nêrpati Tawanggantungan | èsmu waspa ana karasa ati | payo-payo kaki maju | ingsun arsa wikana | adan mangsah jêmpana binêkta laju | awêtara sapêmbalang | rêmuk jêmpana nêrpati ||
14. Sang Nata Tawanggantungan | aningali wau maring ing laki | apan ora kêna pandung | jêr titis widadara | Ki Prasănta dinulu cahyane
[Ilustrasi]
--- 261 ---
mancur | apan sacakra gilingan | Dèwi Kanastrèn anangis ||
15. gupuh anungkêmi pada | Ni Kanastrèn wau lara anangis | laki kawula pukulun | dhuh bêthara manira | barêkate kang sun pundhi siyang dalu | sokur kapanggiha gêsang | gustiku kangjêng kiyai ||
16. atmajane kang wanodya | ngrangkul jăngga Ni Rêtna Sarimêlik | uyuhira mancur-mancur | êntut kadi sêmprotan | wêtêngira ni rara kasenggol sikut | ing pangkon akêpbêg tinja | kang putra nulya kinanthi ||
60. Kinanthi kang têmbang
1. Dèwi Kanastrèn amuwus | putra kabèh dèn pajari | iya iki ramanira | kang ayogya sira kaki | atmajane kabèh mara | sarêng sami angujungi ||
2. Ki Prasănta alon muwus | sira iki wong ing ngêndi | dene ayu warnanira | têka ngabêkti ing mami | lah babo sira lungaa | mênawa kasiku mami ||
3. Dèwi Kanastrèn lon muwus | baya bêtharaku pangling | inggih kawula pawongan | ingkang kari ing nêgari | gih kawula garwa dika | Ni Kanastrèn wasta mami ||
4. punika putra pukulun | kabèh kang sami ngujungi | emut Ki Menak Prasănta | nuli rinangkul kang rayi | dhuh nyai wong jaman kuna | ingkang marasakên agring ||
5. punika putraning ulun | ingkang mèmpêr putra èstri | gumuyu Menak Prasănta | rinangkul Ni Sarimêlik | adhuh anake
[Ilustrasi]
--- 262 ---
pun bapa | muga lakia priyayi ||
6. adhuh nyai garwaningsun | lawas sira anèng ngêndi | Dèwi Kanastrèn turira | anusul kangjêng kiyai | wartane andika pêjah | kalawan putra ing Kêling ||
7. mila kawula pukulun | têmahan tilar nêgari | sêdya anusul andika | putra dika gumêriwis | manjing wona agêrotan | sirike tan ana mati ||
8. pan wontên pulo ing laut | punika kawula gèni | awasta Tawanggantungan | kang pulo anut ing angin | kawula anèng ing kana | kalintang kawêlasasih ||
9. saya alami pukulun | kathah juwata nuruni | sadaya pan asung pangan | dhumatêng ing awak mami | Bêgawan Rêsi Nêrada | asung tuduh maring mami ||
10. hèh babo yogyaning ulun | abêdhaha Singasari | iya iku marganira | apanggih marang ing laki | gumuyu Menak Prasănta | nyai intêne kiyai ||
11. Menak Prasănta amuwus | iya babo anak mami | padha bagus warnanira | winong ing juwata luwih | kang putra padha ingaras | sadaya aganti-ganti ||
12. Dèwi Kanastrèn amuwus | padha uculna tumuli | pamanamu wong têtiga | kang padha nyandhang têtali | sakathahe para putra | sadaya sami nguculi ||
13. kang amangun yuda kantu | padha kèndêl kang ajurit | kadya sinapih juwata | mungsuh lawan rowang sami | Kêlana Jayakusuma | kèndêl dènira ajurit ||
14. kagèt dènira andulu | Kêlana Jayadiluwih | ningali Kanastrèn ika | kalintang bungahing galih | sarta Prasănta waloya | anèng têngah rana singgih ||
15. kalihan dènira lungguh | kang garwa sarwi nungkêmi | anulya tumurun inggal | Ni Kanastrèn dèn parani | lumayu agurewalan[75] | wau sira radèn dèwi ||
16. Dèwi Surèngrana gupuh | umatur dhatêng ing laki | pangeran punapa karsa | amurugi mêngsah singgih | ki tumênggung nolih wuntat | mèsêm angandika aris ||
17. mirah tut wurinên ingsun | kalihe sampun lumaris | tan dangu nuli prapta |[76] ki tumênggung ngandika ris | kakang andika bagea | nyana dudu sira iki ||
18. gawe gitane wak ingsun | Ni Kanastrèn ngrangkul aglis | dhumatêng rahadèn putra | kusuma Cêmara angling | pangeran puniku sapa | kula kasmaran ing ati ||
61. Asmaradana
1. iya kusumaning Ratih | kang amindha Dêrsanala | lah iya iku wiyose | iya nimas kakangira | kadang ingsun kang tuwa | ingkang putra rama prabu | iku dhewe ingkang tuwa ||
2. iya kala mêksih alit | pinaringakên wa Patya | Kudanawarsa wastane | iya ing alama-lama | kadangira diwasa | tinarimakakên iku | mring kakang Menak Prasănta ||
3. ya ta mèsêm ing jro ngati | kusuma
--- 263 ---
putri Cêmara | andulu Dèwi Kanastrèn | usike manah mangkana | iki silèh wanodya | warnane ayu anulus | mendahe duk lagi rara ||
4. sun rasa-rasa ing ati | sampun karsaning juwata | wong ayu lir Ratih mangke | alaki kakang Prasănta | dene nora kayaa | aprasasat bêdhug ganjur | arabi Dèwi Supraba ||
5. sang putri Cêmara angling | kawula arsa atanya | lah andika wêlèh bae | kawula tanya andika | baya andika têrsna | Dèwi Kanastrèn amuwus | prasasat laki juwata ||
6. apane dika têrsnani | wicara lamun bagusa | mênawa baut paturon | utawa kapanggih kaya | Dèwi Kanastrèn mujar | botên mêngkatên mas ayu | mung wêlas-wêlas kiwala ||
7. Dèwi Surèngrana angling | kakang kawula atanya | awêcaa satêmêne | sampun atukar ping pira | lawan kakang Prasănta | Dèwi Kanastrèn amuwus | dèrèng arêbut wicara ||
8. sang rêtna wêcana malih | kakang manira atanya | awêcaa sawêlèhe | kabelanipun punapa | kakang Menak Prasănta | Dèwi Kanastrèn amuwus | dhahare timun lan gula ||
9. Ki Sandulumur wus prapti | alon dènira wêcana | lah bok ipe dika bage | Dhayok mara têmpuhana | lêngare bathuk ingwang | jêr polahe cêcêblungmu | dèn pentaring[77] ing sênjata ||
10. Ki Prasănta anauri | ki raka mêngko ing umah | kinasok walulang ngêpe | nuli pinapok ing uyah | Sandulumur anyêntak | têbasên arta nêm suku | aja na padu wicara ||
11. kawarnaa wus apanggih | kadang kadeyan sadaya | kalawan Dèwi Kanastrèn | Sri Bopati Singasêkar | pan sampun pinondhongan | manjing ing kadhatonipun | abungah marwata suta ||
12. apan sampun apêpanggih | kusuma di ing Mêmênang | kalawan Dèwi Kanastrèn | bungahe marwata suta | kusuma di ing Daha | manahira cilik gunung | kadya warêg tanpa dhahar ||
13. sang prabu ing Singasari | sampun manjing ing kêdhatyan | lawan para garwa kabèh | miwah ingkang rajabrana | tan ana kang karia | sampun angêdhatun wau | sang prabu ing Singasêkar ||
14. anulya dipun timbali | Rahadèn Jayakusuma | wau maring sang akatong | para garwane sadaya | miwah para kadeyan | Sang Aprabu Singasantun | karsa abangun kasukan ||
15. tan adangu nuli prapti | ingkang putra ing ngajêngan | ing ngarsanira sang katong | sampun ingancaran lênggah | Klana Jayakusuma | ginarêpbêg para arum | sami rinênggèng busana ||
16. mujar natèng Singasari | kaki tampanana sira | arinira sun srahake | amawongan maring sira | lah nyawa tampanana | mapan wus punaginingsun | yèn cidra dudu nalendra ||
17. nini putri Nawangsasi | sun srahakên maring sira | ala tan bisa ing gawe | sakarsanira angangkah | ingsun sumăngga karsa | ature kêlangkung nuhun | Rahadèn Kêlanaputra ||
18. tan kuwawi amangsuli [amangsu...]
--- 264 ---
[...li] | pasihane sri nalendra | kêlangkung nuhun sang katong | kacancang pucuking rema | tumancêpb ing mastaka | tumêkèng ing wulu puhun | dadosa rah kayuwanan ||
19. sang prabu ing Singasari | abungah marwata suta | tutuk karsane sang katong | sadalu dènnya kasukan | asrang punang gamêlan | kang sênggak kêplok gumuruh | ya ta kawarnaa enjang ||
20. wus lèngsèr sangking ing puri | Kêlana Jayakusuma | ingiring ing para sinom | kusuma yu Nawangwulan | apan sampun kabêkta | awahana joli sampun | sampun prapta ing pamondhokan |[78]|
21. kusuma di Singasari | wau arsa cinangkraman | dhasar manah mêksih lare | pinarêk têpine sêndhang | Mas Ayu Nawangwulan | têka nyawuk-nyawuk banyu | andhèr kang para padhêkan ||
22. asinjang limar giyanti | rinarênggèng ing pêrada | kakêmbên cêpuk wirangrong | warnane jait anawang | asêngkang natabrăngta | arja apêpilis wungu | rema awor dening sêkar ||
23. mèndêla dènira nangis | andika sewakèng priya | malar luntura karsane | akèh ewuh wong agêsang | nora kaya wong priya | sampun ajrih sebyèng kakung | andhap asor supadosa ||
24. pan rama dika sang aji | gusti kapotangan kathah | wong rinêbut nêgarane | paran kang winalêsêna | marang kang sinatriya | yêkti dika kusuma yu | ingkang yogya amalêsa ||
25. mujar putri Singasari | wuwuse sarwi karuna | dhuh biyang lênggana ingong | nora bisa angawula | maring Jayakusuma | dene akèh garwanipun [gar...]
[Ilustrasi]
--- 265 ---
[...wanipun] | măngsa amanggiha suka ||
26. kawarnaa sampun prapti | Kêlana Jayakusuma | mèsêm andulu polahe | amicarèng jroning nala | baya maras kusuma | têka sambat rama ibu | dasihe katon punapa ||
27. pinondhong sangking ing wuri | kusuma yu Nawangwulan | adhuh mirah ingsun dhewe | rêtna ayu pagulingan | pêdakane kumala | dene sira mêksih timur | mirmaningsun rêngga-rêngga ||
28. asru dènnya jrit anangis | kusuma Anawangwulan | maras atine inyane | sampun manggih pagulingan | rinabasèng jro tilam | sang putri asru amuhun | kusuma ing Singasêkar ||
29. asru dènira anangis | kang anèng ing pagulingan | èsmu parunji manahe | kêlangkung ajrih ing priya | Radèn Kêlanaputra | kalintang dènira baut | amrih lunture asmara ||
30. para[79] rosane pawèstri | nèng tilam pinêksèng priya | pan sampun wêlèh sêmune | kadya wus kapranan jiwa | aran samya karasa | sampun kaprawasyèng lulut | Anawangwulan kantaka ||
31. mudhun sangking jinêmwangi | Kêlana Jayakusuma | arum amanis wuwuse | hèh inya sampun pêpeka | rumêksèng sang kusuma | ni inya matur wor guyu | pangeran pan kaningaya ||
32. ni inya amuwus aris | sapa ngimpi sapa nyana | gustiku têka sêmene | sun nyana wau palastra | cinangkraman ing priya | dene radèn ayu timur | pangeran kakung utama ||
33. yèn matia gusti mami | cinangkraman maring priya | guluku sun garog dhewe | tanpa gawe dadi inya |
[Ilustrasi]
--- 266 ---
lawan ingaku biyang | siyang dalu ingsun timbul | milane kuwat kuwawa ||
34. inyane sawiji angling | ya ugan-ugane iya | măngsa angilangna gawe | sun lalohi[80] gêgalihan | têka èsmune pisan | ajiku si macan gêlur | wus katur maring kusuma ||
35. inyane sawiji angling | iya bênêr mangkanaa | ingong anaosi bae | saparentahe kusuma | sampun suwe ing wêdal | senthe lawan kunir apu | bêbayi luput ing sawan ||
36. Kêlana Jayadiluwih | angrasa wêlas ing garwa | putri Cêmara jujuge | Si Dèwi Surèngrana |[81] kapanggih amêmaca | rêspati têmbange gambuh | layange kudang sênggara ||
37. syarane arum amanis | dènnya mêmaca nèng tilam | padhêkan nèng siti andhèr | Kêlana Jayakusuma | wau anuli prapta | lajêng manjing tilamarum | wong ayu layang punapa ||
38. sang dyah arsa anglungani | gupuh rinangkul mring priya | ya ta kaparêng tênggake | kang rayi kinusya-kusya | lir turus lan lung-lungan | kasungan ing barat lesus | yèn tinon apêpulêtan ||
39. Dèwi Surèngrana angling | pantês yèn agawe gita | marene apa gawene | angregoni wong amaca | têka ngrangkul ing jăngga | ngandika radèn tumênggung | arsa bandhungi mring sira ||
40. kusuma Cêmara angling | nora kudu bêbandhungan | pan lagi ginau dhewe | Kêlana Jayakusuma | saya nukmèng asmara | adhuh atma jiwaningsun | kusungma[82] sampun amaca ||
41. agawe rarasing ati | awèh puyênge satriya | wong gandêrs luwês polahe | mung iki dewaning tilam | mirahe pagulingan | musthikane tilamarum | sêsotya di pêpajangan ||
42. adangu amêlasasih | anggontori ing sênggara | sarwi ngusya panêpine | mujar putri ing Cêmara | sampun kasuwun dewa | pasihan dika pukulun | kang dhawuh dhatêng kawula ||
43. sakathahe para putri | sadaya angarsa-arsa | gusti cangkramanên kabèh | dipun antêpa sarira | bedahane punapa | angandika ki tumênggung | ingkang anawang asmara ||
44. akèh garwaningsun putri | kang sami ayu utama | dasihira pangraose | tan sami lawan kusuma | putri ayu utama | saumur gèn ingsun nyatu | dene sêkti măndraguna ||
45. sakèhe padhêkan sami | apan padha arêrasan | pangeran akèh garwane | anging silèh nora padha | lan kusuma Cêmara | bature alon amuwus | dalane amadhanana ||
46. gustiningsun kusuma di | Radèn Ayu Surèngrana | wong ayu abangkat gawe | tur sêtya tuhu ing priya | tate milu ayuda | mila kinasihan kakung | rowange tuna nastapa ||
47. Ki Sandulumur anjawil | maring Ki Menak Prasănta | lah Dhayok sun tutur bae | kusuma di ing Cêmara | pinondhong ing pangeran | gêlungipun dhawul-dhawul | dèn gawa mring pêpajangan ||
--- 267[83] ---
--- 269 ---
62. Dhandhanggula[84]
1. [...] | [...] | [...] | [...] munggèng wurinipun |[85] apan sampun awahana joli |[86] putri ing Prabalingga | warnanipun ayu | asongsong karêtas seta | sinjang cindhe arja kampuh udanriris | pan udhêt udarata ||[87]
2. upacara dinulu pan asri | kêkacu mas lan ardawalika | lêlancang sawunggalinge | kang munggèng wurinipun | kusuma di Lobawang singgih | awahana jêmpana | warnanipun ayu | arja sinjang cindhe sêkar | pinêrada mênggaha kampuh kumitir | ya udhêt kulalata ||
3. putri Lumajang anèng ing wuri | apan sampun wahana gilingan | sêmbada lawan paèse | sêngkang bapang mangungkung | apanunggul intên adi |[88] kampuh jingga rinêngga | amrik gadanipun[89] | tinarètès ing pêrada | têka pantês wau sinjang turuntangis | udhêt sutra ngrangrangan ||
4. kang lumampah wau anèng wuri | inggih putri sangking Băndayuda | sêmbada lawan paèse | asinjang cindhe wungu | pinêrada asri angrawit | akampuh ima-ima | pupure dèn rêmbuk | idêpe tumênggèng[90] wiyat | tanpa sêngkang sêsupe nila widuri | udhêt sutra rinêngga ||
5. arja payung wau kêrtas kuning | abêbungkul kêncana rêtna |[91] apelak upacarane | pawongane andulur | ngarsa wingking kanan lan kêkèri |[92] ambêkta upacara | kidang mas kêkacu | sawunggaling banyakdhalang | lêlancang mas bakor kêncana rinukmi | isi kêndhi pratola ||
6. kang munggèng wuri putri Singasari |[93] apan sampun wahana jêmpona | sêmbada lawan paèse | asinjang cindhe kêkupu |[94] pinêrada tumpale asri | kampuh sawat rinêngga [rinêng...]
[Ilustrasi]
--- 270 ---
[...ga] | kang gănda mrik arum | sêngkang bapang sinamiran | akalpika widuri jo amantêsi | lawan rêtna pacêrma ||
7. rema kêbêg ing gambir mêlathi | apêpaèsira pinêrada | asumping rêtna rêronce | kêlatbau kêkalung | têpbah jaja amantêsi |[95] apayung kêrtas gilap | rinênggèng mas luru | abêbungkul intên nila | pan audhêt ing sutra kuning |[96] asri kang upacara ||
8. kêkacu lawan sawunggaling |[97] banyakdhalang lan ardawalika | lancang mas munggèng ngarsane | kêndhaga kêncana ngayun |[98] kate mas nèng kanan kèri |[99] miwah kang kêndhi pratola |[100] asri yèn dinulu | sumêrk lampahe gilingan | soprandene sadaya eca kang ati | andongong pêpoyokan ||
9. kang lumampah anèng wuri malih | kusuma yu Ni Dèwi Onêngan | nitih garêbong lampahe | asri busananipun | sinjang cindhe jêlamprang wilis | amrik gandane sêkar | arja kampuh gadhung | tinalêplok ing mas jingga | ajamang mas kilatbau anting-anting | pamêkêk kêpbo mênggah ||
10. akalpika mirah intên adi | sêngkang bapang panunggule muncar | arja songsong kêrtas jêne | bêbungkul maniking banyu |[101] sineretan êmas rinujit | rema bêk dening sêkar | warnanipun ayu | sumping mas gêgubahan |[102] waja gêsêng wêdana anawang sasi | tur lagi pêpasihan ||
11. kakungira Radèn Wukirsari | nitih kuda rinênggèng busana | tan adoh lawan rabine | arja akampuh gadhung | apaningsêt pathola wilis | lancingan cindhe kêmbang | warnane abagus | sadalan apêpasihan | têka mênggah angrungrum dhatêng ing rabi | baut Sastrawijaya ||
12. sumêr dhêngdhêng kang anèng ing wuri | lampahira kusuma Mêmênang | ambêranyak para inyane |[103] angrok bala gumuruh | kadya ombak anêmpuh curi | lawan kang upacara | pawongane dulur | asawang sêkar sataman | sami samir sutra bang kalawan kuning | gumêrah panthan-panthan ||
13. upacara dinulu pan asri | ting karênyêp lir sêkar sataman | sami rinênggèng sêsotyane |[104] yèn tinon ting pêlancur | kasênênan ing pagaspati[105] | kidang ardawalika | rinênggèng karêpu | lêlancang bakor kêncana | tuhu endah tinrapan nila widuri | tadhahan mas rineka ||
14. munggèng ngarsa kêndhaga pinundhi | tinatrapan mirah lawan nila | pating pêlancur sênêne | ing ngarsa damar kurung | myang lantaran cêcêp mas adi | kuthuk kothak kêncana | isi sata Jêpun | lante mas munggèng ing ngarsa | bun kêncana nora adoh munggèng kèri | ya isi pamarasan ||
15. kêndhi pratola cêcêp mas adi | pan ajajar lan bakor kêncana | apelak tinon warnane | Ni Abong munggèng ngayun | nitih tandhu sarwi angawin | Ni Bayan munggèng kanan | sami nitih tandhu | Ni Sanggit munggèng kiwa |[106] nitih tandhu karane ingkang jajari | tan kêna bêlèbèka ||
16. têka pantês awahana èsthi | kusuma yu putri [pu...]
--- 271 ---
[...tri] ing Mêmênang | pun Rarasati gajahe | asri pêlananipun | rinarêngga mas cinawi |[107] pinatèk[108] ing sêsotya | sirah abra murup | lêlancang sutra rinêngga | abra payung sangkêlat ijo mantêsi | rinênggèng ing kêncana ||
17. putri Daha ing sang kadi Ratih | arja sinjang bathik gringsing wayang | akampuh sawat sutrane | gandane marbuk arum | pinêrada asri angrawit | kadya Dèwi Supraba | kadi Radèn Galuh | akalpika intên nila | tanpa sêngkang audhêt cawêni kuning | tinon awèh wigêna ||
18. kang lumampah ingkang anèng wuri | Ki Tumênggung Anjayakusuma | ingkang angrèh putri kabèh | rata wahananipun | pinipajang ing lungsir kuning | rinêngga ing kêncana | tinon abra murub | akampuh jingga rinêngga | pinêrada paningsêt pathola wilis | rinênggèng ing mas jingga ||
19. alancingan cindhe kêmbang adi | pinêrada rinenda kêncana | arja amakutha ngêne | garudha marêp mungkur | asumping mas sinurèngpati | arja ya gêlang kana | abinggêl kêkalung | acêlumpring kêbo mênggah | tuhu bagus Kêlana Jayadiluwih | kadya Sang Kamajaya ||
20. payung agung ing ngarsa mêrapit | bungkul mirah rinênggèng kêncana | kumrisik sambêrilène[109] | upacarane agung | ngarsa wingking lir tamansari | sumêrk ingkang wahana | kang wadya gumuruh | kang munggèng ngarsane rata | rajapèni lawan panakawan alit | kang bêkta upacara ||
21. kusuma di ing Cêmara singgih | ingkang wasta Dèwi Surèngrana | sumêrk ing wuri lampahe | tan adoh lawan kakung | apan sampun wahana èsthi | pêlanane rinêngga | ing sêsotya murub | apayung sangkêlat jingga | tinêrètès lungsir bang lan lungsir kuning | rinênggèng ing kêncana ||
22. arja sinjang cindhe dhasar wilis | gandanya rum rinênggèng busana | cêpaka mulya dhapure | akampuh jingga alus | pinêrada asri angrawit | udhête udaraga | rinênggèng mas luru | sêngkang bapang sinamiran | tuhu endah apanunggul intên bumi | jamang mas kinatipa ||
23. rema kêbêk ing gambir mêlathi | asêsumping êmas surèngpatya | dhasar kasihan dhewe |[110] tan pêpaès sang ayu | têka pantês wahana èsthi | kadya Dèwi Wilotama |[111] kusumaning ayu | akalpika intên mulya | kêpbo mênggah gêlang kana kinêmit |[112] lir Dèwi Dêrsanala ||
24. wêdana jait anawang sasi | agalak lindrine gumawang |[113] pan kèdhêp sapangandikane |[114] upacarane dulur | jajarane sami ngidêri | parise lawan pêdhang | kanan kèrinipun | tawok lêmbing munggèng ngarsa | kusuma yu lir pendah Wara Srikandhi | pantês mangku gêndhewa ||
25. upacarane walu pan asri | kêkacu mas lan ardawalika | lêlancang bakor jajare | banyakdhalang wastanipun |[115] atanapi kang sawunggaling | sadaya sinamiran | sutra jêne lan dadu |[116] sumêrk lampahe kang dirada |[117] upacara [u...]
--- 272 ---
[...pacara] dinulu asri angrawit | kumrap wadya Cêmara ||
26. Ki Prasănta areyang-reyong nèng wuri |[118] ngiringakên maring rabinira | tan kari sutane kabèh | sumêrk ing lampahipun | rêreyongan dènnya lumaris | tansah rubêd ing marga | dening anakipun | atmajane wadon ika | kang ingêmban awasta Ni Sarimêlik | uyuhe kadi pancuran |[119]|
27. Sandulumur lumampah ing ngarsi | nugang[120] kuda binacok kiwala | abang pêlăngka ulêse | garok bêndana suwung | sumpêl pêruk durga angêrik | kêmilanipun palikang |[121] medane anjumbul | babak tur mêtu rahina | dhasar wadon medane ajungkir-jungkir | congklangipun angiwa ||
28. lir wong guna apêksa kumaki | nitih kuda pan sarwi ngêlayang | sampun babak gêgarêse | gugup ing polahipun | bêbakonge tansah kumitir | karingête reweyan | kudane anjumbul | kula pagone tiba |[122] jaran bêdhal Sandulumur tiba tangi | sarwi dèn sepak kuda ||
29. kang kawarnaa Sang Prabu Singasari |[123] sampun budhal atilar kêdhatyan | sumahab bala mantrine | karsanira sang prabu | arsa bantu maring Kêdhiri | tan kandhêg lampahira | kang wadya andulur | lir gêrah syarane bala | wus kapungkur nêgara ing Singasari | sumêrg kang balakosya ||
30. lampahira Kêlana Diluwih | sampun lêpas anêrajang wanawasa |[124] kang wadya kumrap lampahe | enggar kang para arum | ya ta tilar wahana sami | anèng ing prabatang |[125] padha nginang udut | sakathahe kang pawongan | padha enggar aluru ya sari |[126] bungah kang antuk sêkar ||
31. kang sawênèh ana daut kunci | ingkang sawênèh daut lêmpuyang | wênèh amèk têmu bêngle | ana angambil banyu | ana siram aluru warih | kang wênèh ana padhêkan |[127] padha luru sêntul | ana ngambil kêmêlaka | kang sawênèh cêngkaruke kocar-kacir | katunjang ing padha rowang |[128]|
32. tan kawarna lampahe sang adipati |[129] Ki Tumênggung Anjayakusuma | kadya hèrnawa balane | lamun makuwon dalu | sakathahe kang para manis | padha kinèn bêdhayan | mring radèn tumênggung | wus lêpas ing lampahira | kawarnaa wus prapta pinggir nêgari | nusul kang anèng ing wuntat |[130]|
63. Pupuh Pangkur gumanti
1. Radèn Mêlayakusuma | lampahira sampun kinon dhingini | atur uninga sang prabu | lan Radèn Sinjanglaga | datan kandhêg sigra wau lampahipun | nêngêna ingkang lumampah | kocapa Prabu Kêdhiri ||
2. sêksana lagya sineba | lan kang rayi anèng ing Arga Wilis | tan pêgat agunêm catur | kalintang ngarsa-arsa | ing dhatênge wau sira ki tumênggung | Ki Wasi Curiganata | apan sampun dèn timbali ||
3. sapraptanira ngajêngan | angandika Sri Bopati Kêdhiri | wêcanane manis [ma...]
--- 273 ---
[...nis] arum | anak Wasi Curiga | ngangnti[131] apa ki tumênggung nora rawuh | umatur Wasi Curiga | asugal dènira angling ||
4. sang aji dipun pracaya | sampun maras pukulun sang dewaji | luhung saosa pukulun | samêktane sunggata | ki tumênggung dene wontên ing dêlanggung | eca timbalan wêtcana | Radèn Wukirsari prapti ||
5. piyak sagung mantri seba | prapta ngarsa Rahadèn Wukirsari | anulya nungkêmi suku | padane ingkang rama | lintang kagèt sang prabu gupuh angrangkul | adhuh kaki anak ingwang | mung sira wode kang ati ||
6. nora nyana sun kapêdhak | salawase sapa kang sira iring | lan malih apa katêmu | ngulati kakangira | alon matur wau Radèn Wukirsantun | putra sampeyan Pangeran | Kêlana Jayadiluwih ||
7. milane kèndêl ing marga | langkung rubêt dene kang para manis | sangking kèhe para arum | mila kèndêl ing marga | wêtawise kados benjing injing rawuh | mila kariyin kawula | dewaji atur upêksi ||
8. anênggih putra panduka | kakang êmbok Ni Dèwi Sêkartaji | èstu kapanggih pukulun | mangke sampun akrama | pan kagarwa pangeran radèn tumênggung | prabu ing Daha ngandika | ing ngêndi gone kapanggih ||
9. ingkang putra matur nêmbah | kang jumênêng sri bopati ing Bali | putra panduka pukulun | inggih amindha lanang | langkung sêkti duk jumênêng rajèng Wangsul | ambêdhah sakèh nêgara | agung balane nêrpati ||
10. gumujêng natèng Mêmênang | langkung bungah manahe cilik wukir | sumawana Sang Aprabu | Ngurawan langkung bungah | pan Ki Wasi Curiga gumuyu |[132] waja kengis rangah-rangah | nora lidok ujar mami ||
11. sri bopati angandika | anak ingsun Kêrtasêkar ngong tuding | pondhongana dèn agupuh | Klana Jayakusuma | lan matura yèn ingsun angayun-ayun | lèngsèr Radèn Pênambangan | sangking ngarsane nêrpati ||
12. sri bopati ing Mêmênang | sigra lèngsèr wau dènnya tinangkil | manjing ing pakuwonipun | awarta para garwa | hèh sakèhe babo pramèswariningsun | ingong atutur ing sira | nini putri Sêkartaji ||
13. yayi iya mêksih gêsang | putranira iya ingkang dadi woding ati |[133] kagarwa Radèn Tumênggung | Klana Jayakusuma | yèn wartane lagi anèng ing dêlanggung | padha sira sêsaosa | pan măngsa wurunga prapti ||
14. sadaya sami wot sêmbah | langkung bungah sagunge para rabi | sadaya micarèng kalbu | lamun benjang praptaa | sun kauli anak ingsun nini Galuh | ingsun kujamasi benjang | sun wida ing jêbad amrik ||
15. enggar sagung para garwa | sami saos wida lan jêbad wangi | ana kang angrujit santun | ana anggubah kêmbang | ingkang badhe jaga sêsuguh ing besuk | sakèhe para padhêkan | gumêrah angolah bukti ||
16. Ki Apatih Jayabadra | wus akarya pakuwon ingkang adi | sakêlangkung jêmbaripun | asri pinajang-pajang |
--- 274 ---
ingkang bakal pakuwone para arum | tanapi para dipatya | wus padha winiji-wiji ||
17. lir gêrah syarane bala | kang asaos suguh kêbo lan sapi | bèbèk ayam lawan wêdhus | brêrambang lawan bawang | kêlapa kèh bêras pirang-pirang pikul | datan kêna winilanga | lir sarah kang bumbu ragi ||
18. wus dadi kang sêsaosan | kawarnaa ingkang lagi lumaris | sira Rahadèn Tumênggung | Klana Jayakusuma | Adipati Pênambangan wus kapêthuk | apan sampun tinimbalan | ingegalakên[134] tumuli ||
19. sinêrêg ing lampahira | wadya sampun minggah Ngaldaka Wilis | prapta ing pakuwon sampun | tan kêna kawoworan | wadya agung sami amakuwon sampun | apan sami andum para | sakèhe para dipati ||
20. miwah Sang Prabu Ngurawan | saha garwa apan sami manggihi | asri upacaranipun | myang padhêkan sadaya | samêktane abêkta punang sêsuguh | tanapi ingkang saosan | lir mili sangking jro puri ||
21. sri bopati ing Mêmênang | wus apanggih lan Prabu Singasari | sumawona sang aprabu | Nalendra Bauwarna | wus atata sakathahe para arum | apan sampun ingandikan | Klana Jayadiluwih |[135]|
22. ki tumênggung wus lumampah | ing sakèhe kang para rabi |[136] anging sira Radèn Galuh | tan adoh lan kang raka | sakathahe para putri ayu-ayu | datan kêna winilanga | sakèhe para manis |[137]|
23. lir Bathara Kamajaya | ginarêbêg sagunge [sagung...]
[Ilustrasi]
--- 275 ---
[...e] widadari | citranira sang abagus | Klana Jayakusuma | para garwa sami adoh pêrnahipun | amung kusuma Mêmênang | sang kadi Ratih kinanthi ||
64. Pupuh Kinanthi kang gumanti
1. kawarnaa sampun rawuh | ngarsane sri narapati | rahadyan putra wotsêmbah | kalawan sang kadi Ratih | para putri kabèh prapta | rinangkul sang kadi Ratih ||
2. anak ingsun nini Galuh | nora nyana nora ngimpi | sokur sira wus akrama | baya ta sampun pinasthi | yèn sun dulu kakungira | mèmpêr ki putra ing Kêling ||
3. sokur ing juwata luhung | sira nini bisa laki | yèn sun dulu kakungira | jiblès ki putra ing Kêling | lêlewane iya uga | kaki Ino Kartapati ||
4. Dèwi Surèngrana lungguh | anêbih kalawan laki | sang prabu ya ta tumingal | amicara ing jro ngati | iki si putri utama | pantêse warni ing laki ||
5. angandika sang aprabu | dhuh nyawa sang adipati | amung sira anak ingwang | rêbutên kutha Kêdhiri | lawan kaping kalihira | sampun dadya mantu mami ||
6. ingsun asrah ki tumênggung | amis bacining nêgari | darma anggadhuh si bapa | sira ingkang anduwèni | măngsa bodhoa kang karsa | amrih arjaning nêgari ||
7. putri ing Jênggala agung | pêpêk sadaya ningali | ing Klana Jayakusuma | sadaya marêbês mili | milane sami karuna |
[Ilustrasi]
--- 276 ---
karasa satriya Kêling ||
8. sadaya micarèng kalbu | abagus satriya iki | Kêlana Jayakusuma | sadangune sun tingali | apane dudu pangeran | kang murca tilar nêgari ||
9. Ki Wasi Curiga rawuh | ing ngarsane sampun prapti | Kêlana Jayakusuma | Wasi Curiga tan pangling | nulya rinangkul gêgêrnya | adhuh ariningsun gusti ||
10. apan ingsun nora pandung | yèn sira sadulur mami | ki tumênggung aturira | apan sintêna wak mami | Wasi Curiga alatah | pan sira Ki Kêrtapati ||
11. iya sira kakangamu | wong agung ing Judhipati | milaningsun arêp tapa | sira kang ingsun ulati | pan mangke kapanggih yugya | ki putra rawuh pribadi ||
12. alon dènira amuwus | Klana Jayadiluwih |[138] wiyose awak kawula | dene kinon Katapati[139] | Wasi Curiga alatah | apan ingsun nora pangling ||
13. ya sira Ki Marabangun | Ki Inu ing Kartapati | aran ingsun Rawisrêngga | aja kumbi maring mami | pêpilinganira kiwa | toh sêpah ingkang kaèksi ||
14. kèmêngan ing manahipun | Kêlana Jayadiluwih | ingwêlèhakên kang raka | malah arsa dipun banting | mangkana Dèwi Onêngan | angrangkul sangking ing wuri ||
65. Pangkur
1. angucap Dèwi Onêngan | godhèg bêrngos kangmas Wonagiri |[140] mangke ingsun tutur-tutur | padu wêlèh kewala | apan yêtos rayi sampeyan pukulun | gih puniku radèn putra | anging
[Ilustrasi]
--- 277 ---
sampun dika banting ||
2. Radèn Prabăngsa alatah | nora lidok ujar petangan mami | dene ngarsanira ngaku | măngsa ingsun kilapa | sakathahe kadang kadeyan inguwuh | sakèh putra ing Jênggala | sadaya sinungan pêksi ||
3. hèh Panji Sutradiwăngga | lan Sutrana lawan Si Têpaswujil | Jêjêtan lan Pamêcut |[141] Gadhingan lan Layaran | aja pangling sakathahe ariningsun | ya iku sadulurira | Ki Inu ing Kêrtapati ||
4. sakathahe para putra | ing Jênggala padha lara anangis | sadaya padha angrangkul | padha lara karuna | kang kapêrnah anom padha angujung |[142] èstu putra ing Jênggala | Kêlana Jayadiluwih ||
5. sri bopati ing Mêmênang | ing Ngurawan lan Prabu Singasari | manahira cilik gunung | bungah marwata suta | pan ki putra kapanggih lan Radèn Galuh | miwah sakèh pramèswaria |[143] galihira cilik wukir ||
6. sawênèh micarèng nala | nora bakal karsane dewa luwih | putra Daha Radèn Galuh | wus atunggal asmara | lawan putra Jênggala Marabangun |[144] mendah arjane nêgara | prapta musthika nêgari ||
7. ngandika prabu ing Daha | kaki putra punapa kang karsa malih |[145] ing benjang apa umagut | ngêrbut kitha ing Daha | Ki Kêlana Jayakusuma umatur | langkung karsaning panduka | kawula dêrmi nglampahi ||
8. lêbura kadya pêrtala | sampun siyang nadyan ing têngah wêngi | dhatêng sandika pukulun | ing ayahan nalendra | sira Radèn Prabăngsa suka gumuyu |
[Ilustrasi]
--- 278 ---
sampun kakehan wicara | ing benjing mangsah ing jurit ||
9. rêmbak sagung para putra | karsanira lumêksona ngajurit | sang prabu alon amuwus | anging dipun prayitna | kaki putra kalintang sêktining mungsuh | gêgamane yèn apêrang | sadak lawan sarwa sari ||
10. ngandika prabu ing Daha | kaki putra amakuwona dhingin | nadyan amaguta mungsuh | yèn wus rêrêm kang wadya | sayêktine pan ora kaciwa sêmu | ya ta sang raja pinutra | lèngsèr wot sêmbah tumuli ||
11. Kêlana Jayakusuma | apan sampun amakuwon tumuli | pêpêk sakadeyanipun | anèng ing pamondhokan | miwah Radèn Prabăngsa pan ora kantun | pêpêking putra Jênggala | dinulu lir tamansari ||
12. sakathahe para garwa | manahira padha èsmu prihatin | kang tan olih sihing kakung | brăngta manggung asmara | ingkang suka kang antuk sihe Yyang Agung | manahe sami nudita[146] | badhaya waspane mijil ||
66. Pupuh Mijil kang gumanti
1. apan sampun akasukan singgih | aluwaran kang wong | lintang dene aeca manahe | Ki Klana Anjayadiluwih |[147] angimur ing rabi | tansah nukmèng lulut ||
2. sakathahe ingkang para manis | ingkang ayu anom | apan sami cinangkraman kabèh | maring ki putra Jayadiluwih | kawarnaa mangkin | sampun têngah dalu ||
3. radèn putra angandika aris | wêcanane alon | kang Prasănta ngong ajak dhèwèke | lan Sandulumur aja atêbih | payo angidêri | pakuwoning mungsuh ||
4. apan ingsun arsa aningali | mungsuh ingkang kaot | payo padha maring pakuwone | sri nalendra ing Nungsyatêmbini | kang andhêkèng dhiri | sêktine kêlangkung ||
5. Ki Kêlana Anjayadiluwih | lampahira alon | dipun iring ing wulucumbune | datan ana ingkang angudani | lampahira wêngi | Kêdhiri dèn jujug ||
6. kawarnaa kang anèng Kêdhari[148] | sang aprabu wadon | pan ing Nungsyatêmbini kuthane | pan kalintang pilih ingkang tandhing | Raja Romarêsi | namane sang prabu ||
7. kala sêmona sri narapati | kang anèng pakuwon | apan lagya mujya sêmèdine | anêdha sihing dewa luwih |[149] Raja Romarêsi | sidhakêp aminggu ||
8. anèng sanggar langgatan nêrpati | kepyan ing palugon | mênyan binêsmi arum gandane | awor gandane kang sarwa sari | tinon anêlahi | punang damar kurung ||
9. Klana Anjayakusuma prapti | lampahira alon | sanggar langgatan ika jujuge | lir lampahe dewa ingkang luwih | kalintang asêti | tan ana kang wêruh ||
10. rahadèn putra angandika aris |[150] wêcanane alon | prabu sabrang ingsun atakèn |[151] mulanira amujya sêmèdi | awêcaa ugi | paraning sêdyamu ||
11. asêtyaa kaki sira [si...]
--- 279 ---
[...ra] sêti | apan wus kinaot | ratu didya[152] prajurit angêne | pan sira sampun tanpa tandhing |[153] anêdyaa sugih | sira madêg ratu ||
12. angulati kaki sira sêti | apan wus kinaot | ratu digbya pan prajurit gêdhe | têlukan kang măncanêgari |[154] sira wus sinêkti | ya prajurit luhung ||
13. anêdyaa sira mênang jurit | hèh sang prabu wadon | mungsuhira asangêt rusake | Prabu Daha pan wus tilar puri | apa kang sira anti |[155] dene nora magut ||
14. kagèt tyasira sri narapati | sêmbahira anor | wali-wali sang prabu sêmbahe | nuhun duka pukulun dewa sih | sapa sintên ugi | juwata tumurun ||
15. radèn putra angandika aris | wêcanane alon | hèh sang prabu ran ingsun wiyose | Bathara Kamajaya ran mami | mila anuruni | ing sira sang prabu ||
16. milanira amujya sêmèdi | matura maringong | Romarêsi matur lon sêmbahe | mila kula amujya sêmèdi | nêgri tanah Jawi | karèha dening sun ||
17. radèn putra angandika aris | ing sang prabu wadon | yèn sira arsa mênang yudane | aja sira arupa pawèstri | anglugasa warni | arupaa kakung ||
18. lamun sira rupa jalu kaki | raose tèningong | pêsthi kagêm nungsya Jawi kabèh | alon matur rajèng Romarêsi | apan dede èstri | kawula pukulun ||
19. inggih kawula bêrmana sêti | mila rupa wadon | amrih dèn du ing jurit wiyose | inggih kawula bêrmana sêti |
[Ilustrasi]
--- 280 ---
Dhanyang Prawitani | ing sabrang griyanipun |[156]|
20. pan sarira kawula ajrih ing jurit |[157] dewa atur ingong | anging putra Jênggala wiyose | ingkang aran Inu Kartapati | apan kula ajrih | ing Ki Marabangun ||
21. kang amindha juwata anauri |[158] hèh sang prabu wadon | putra Jênggala wus lawas patine |[159] langkung bungah Dhanyang Romarêsi | sarwi awotsari | asuka gumuyu ||
22. gih kawula boyong wong Kêdhiri | benjang reyang-reyong | pan ratune ingong bêsta kabèh | sakèh garwane ngong cangkramani | apa kang pinikir | ki putra wus jedhus ||
23. lon gumujêng sajrone ing ati | sang juwata kaot | aningali bêrmana solahe | kang amindha juwata lingnya ris | angangsêga benjing | arupaa jalu ||
24. lah sun mulih ing kayangan mami | karia sang katong | apan ingsun nora wêkas manèh | lèngsèr Klana Jayadiluwih |[160] sangking sanggar singgih | manjing ing kadhatun ||
25. ona putrane bêrmana sêti | èstri ayu anom | Bikang Murdiya ika kasihe | warnane ayu lir widadari | anging dèrèng krami | warnane pinunjul ||
26. tau tate linamar nêrpati | myang satriya katong | sang dyah ayu agawe wirage | Bikang Murdya tan arsa krami |[161] sing wong aningali | ngênglêng brăngta wuyung ||
27. têka pantês asinjang cindhe wilis |[162] rinênggèng pêraos | kojong ijo kasêmêkanane | asêngkang bapang panunggul manik | gandanira amrik | saya wuwuh [wu...]
[Ilustrasi]
--- 281 ---
[...wuh] ayu ||
28. kusuma yu amujya sêmèdi | ing sanggar kinaot | anênêdha maring ing dewane | muga kang rama lanang ing jurit | mila mujya sêmèdi |[163] myang padhêkanipun ||
29. rahadèn putra prapta nèng ngarsi | sang dyah nora tumon | têka eca asidhakêb bae | alon mujar ki putra ing Kêling | wêcana apait gêndhis |[164] atêtanya ingsun ||
30. pagene sira amujya sêmèdi |[165] hèh babo sang wadon | apa baya sêdyanira anggèr | awêcaa maring awak mami | sang dyah kagèt singgih | lumuntur sêmbahipun |[166]|
31. sapa sintên juwata nuruni | maring awak ingong | awêcaa sintên kakasihe | Yang Asmara babo ingsun nini | ingsun dewa luwih | nyawa tur lêlancur ||
32. mila kawula amujya sêmèdi |[167] yyang kaki tur ingong | kangjêng rama mênanga yudane | tulusa angrèh nungsya Jawi |[168] yèn mêngkono ugi | pukulun ngong suwun ||
33. kang amindha dewa amarani | wêcanane alon | bênêr wong inganak-anakake | angrowangana lara lan pati | pêsthi sira amukti |[169] yèn mênang prang pupuh ||
34. yèn sira mrih mênanga ing jurit | lawan ing sang katong | pêsthi ana babo salarane[170] | yêkti sira ingsun cangkramani | sang dyah turnya ris |[171] dhuh dewa dudu padu |[172]|
35. gawok dewane wong jaman mangkin | têmbe mirsa wèh omong |[173] inggih kawula kaki yugyane | baya anyoba maring ing mami | sang dyah matur aris | wêtcanane arum ||
36. kaki juwata ing atur mami | apan awak ingong |
[Ilustrasi]
--- 282 ---
gih sumăngga dhatêng ing karsane | nanging kawula arsa udani | angatona ugi | juwata kang luhung ||
37. rahadèn putra Jayadiluwih | angandika alon | iya ingsun angaton ta anggèr | tingalana citrane ingsun iki |[174] pan sampun kaèksi | citrane sang bagus ||
38. Bikang Murdeya ngênglêng aningali |[175] mring sang bagus anom | amicara sajrone nalane | bagus têmên kaki dewa iki | atulusa sih |[176] maring awak ingsun ||
39. mèsêm ki putra amarêpêki | sang dyah wus pinondhong | yangyang tilam manungsaku dhewe | iki silih wong ayu rêspati | asru ngaras pipi | sarwi lukar gêlung ||
40. sang dyah ayu amicarèng ati | mati awak ingong | juwata iki nêmêni karsane |[177] pangarase saya wanti-wanti | têka kaya gunting | ing pangrasaningsun ||
41. ya ta ana kang parêkan jawi | kathahipun kang wong | roro padha mêmujya kaprabone |[178] Ki Sandulumur ingkang marani | binêkêm tumuli | wau irungipun ||
42. punang pawongan amuwus aris | mambu êntuting wong | kaya êntuting asu ambune | baya êntut wong Jawa abaring | agatêl abacin | kaya êntut sênggung ||
43. Sandulumur amuwus aris |[179] iku êntut ingong | iya ingsun dewa sanyatane | Tunjungbiru aran ingsun iki | padhêkan nauri | sarta sêmbahipun ||
44. angatona dewa sira kang luwih |[180] arsa wikan ingong | Ki Sandulumur angaton age | gumuyu ingkang para nyai |[181] dewa apa iki | kaya asung[182] dhiwut ||
45. Ki Sandulumur sarwi angiwi-iwi |[183] iya wuda alon | dèn ocar-acir iya uyuhe | dèn gawe kuramasa iki |[184] dêdimone benjing | sira anom ayu ||
67. Sinom
1. wus mantuk rahadèn putra | sang rêtna kantun anangis | kari ngênglêng brăngta ngarang | angsal dewa ingkang linuwih |[185] katuwane wèh brangti | laki dewa tanggung-tanggung | angur lakia wong lêliyan |[186] nora dadi rasaning ati |[187] data[188] lêrês dhêmên juwata asung wigna |[189]|
2. alèngsèr rahadèn putra | pan arsa apanggih kang rayi |[190] kusuma yu putri Cêmara |[191] pan lagya kêpati guling | angayon punang sari | bangun rahina kang dalu | iki lah kang kusuma | kadingarèn kapanggih guling |[192] amung sira rewangku guna nastapa ||
3. sapraptanira ing pagulingan |[193] pan asru dènnya ngaras pipi |[194] kagèt Dèwi Surèngrana | alon dènira atangi | lamun ngandika apait gêndhis |[195] paran karsane wong agung | yèn nangi wong anendra | agawe samêlanging ati |[196] pamuwuse wong agung sapa wania ||
4. alon dènira ngandika | Kêlana Jayadiluwih | mila sun wungu kusuma | awiyosira sun tari | ingsun magut ing benjing | punapa milua prang pupuh |[197] punapa karsanira | Dèwi [Dè...]
--- 283 ---
[...wi] Surèngrana angling | basên têmên sok anari magut yuda ||
5. kalane awak kawula | tan kêna kasor ing budi | akêras tur panasbaran | kaping kalihe lara ati |[198] sampun akèh mastani | kawula wani ing kakung | mèsêm radèn putra |[199] apan sarwi angaras pipi |[200] kêrasira amupugi ing aguna ||
6. mujar Dèwi Surèngrana | pan sarwi anggintêl wêntis | dhuh gustiningsun pangeran | yèn dika èstu anari | dhatêng ing awak mami | benjing amagut prang pupuh | wong Kêdhiri Ngurawan | tanapi ing Singasari | sampun aprang pinrih surake kiwala ||
7. sakèhe wong têtêlukan | benjing ingabêna jurit | myang para putra Jênggala | kinarya cucuking jurit | sênadyan kawula ugi |[201] dadosa rêmak rêmpu |[202] tan kêna ingabêna | punika aturing sari | lan Wijatmaka adados cucuking yuda |[203]|
8. kusuma adi Cêmara | sinambut maring ing laki | dhuh mirahipun kakang |[204] kusuma cèthi cuwiri | amung kêrase ugi | agawe rarasing kalbu | kawula kados tega | dhatêng kusumaning adi | ing jro larung dasihe angeka praya ||
9. ya ta kawarnaa enjang | Kêlana Jayadiluwih | sampun miyosi ing rana | anitih turăngga kuning | rinênggèng busana di | turăngga dinulu murub | rêtna ayu putri Cêmara |[205] sampun awahana èsthi | lir Srikandhi sarwi amangku gandhewa ||
10. pan sumahab lampahing bala |[206] ing ngarsa pêdhang lan tamsir | parise kalawan kantar | tawok lêmbing kalawan bêdhil |[207] ingkang munggèng ing ngarsi | tatane
[Ilustrasi]
--- 284 ---
cinampur bawur | Răngga Jayasantika | Jayalêksana Yudapati |[208] anèng ngarsa dadya panganjuring yuda ||
11. sakèhe putra ing Jênggala |[209] barise sampun miranti | sêparo pangawat kanan | sêparo pangawat kèri | sami busana adi | putra Jênggala anggêrgut | akulambi sangkêlat | lawan kulambi taluking[210] | wênèh ganggong tayêm lan sutra diwăngga ||
12. kadya kapirsa ngajêngan | têngarane ing ajurit | kêndhang gong maguru găngsa | angrok têngara tinitir | bêndhe lawan bèri |[211] kapirsa umyang gumuruh | tunggul kadi gurnita | daludak lir ăngga wêrdi | wadya agung kadi têdhuh kang hèrnawa ||
13. apan sang prabu ing Daha | Ngurawan lan Singasari | barise anèng ing wuntat | sumêrg lampahe lumaris | wus munggèng ing wuri |[212] kang wadya lir sêgara têdhuh |[213] kocapa natèng sabrang | kang anèng kutha Kêdhiri | wadyanira anggawa lan para putra ||
14. abêlabar ingkang wadya | kadya robing kang jêladri | sang dhanyang ingkang Prawita | wus mari dadya pawèstri | asru dènira angling | maring para putran-putranipun |[214] sakathahe atmajaningwang |[215] padha anglugasa warni | anglampahi larapati lawan wirang ||
15. timbalane kang juwata | kang dhawuh ing awak mami | sakathahe putraningwang | yèn sira dadya pawèstri | nora kalah Kêdhiri | yêkti kalah sira iku | yèn sira dadi lanang | pêsthi angrèh nungsya Jawi | yêkti mênang kaping sapta yudanira ||
1 | widigdya (dan di tempat lain). (kembali) |
2 | sirike. (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata: dandan sami lumaris. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: awahana gêgilingan payung seta. (kembali) |
5 | marbuk. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: arja payung biru asèrèt pêrada. (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata: ajamang binuka asri. (kembali) |
8 | prangwêdani. (kembali) |
9 | netra. (kembali) |
10 | mojok. (kembali) |
11 | ambèn-ambènan. (kembali) |
12 | enggar (dan di tempat lain). (kembali) |
13 | garwa. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: awak ingsun tinilar putra yêkti. (kembali) |
15 | asal. (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata: alon matur wêcana arum manis. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata: ona kang krasa ing galih. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: hèh garwane Klana Jayadiluwih. (kembali) |
19 | asalira. (kembali) |
20 | mantu. (kembali) |
21 | kamêngkados. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: angandika wêcana pait gêndhis. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: pratandhane bakal dadi karyaningsun. (kembali) |
24 | bisa. (kembali) |
25 | Lebih satu suku kata: ya ta mèsêm wêcana pait gêndhis. (kembali) |
26 | mothah. (kembali) |
27 | Kurang satu suku kata: pun kakang arsa abêksa. (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata: midêra sèwu nêgara. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: Răngga Jasantika. (kembali) |
30 | Lebih satu suku kata: sarta pêngawat kiwa. (kembali) |
31 | Lebih satu suku kata: karêpe lara nangis. (kembali) |
32 | Angabèi. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: mutung watang piyambak. (kembali) |
34 | Kurang dua suku kata: ya ta yèn sampun kaèksi. (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata: cêkêlên dèn ti-ati. (kembali) |
36 | Asmaradana. (kembali) |
37 | Lebih satu suku kata: ngikal pêdhang malela. (kembali) |
38 | Kurang satu suku kata: duk kala măngsa ingkang wong. (kembali) |
39 | mangke. (kembali) |
40 | Kurang satu suku kata: lawan Arya Wijatmaka. (kembali) |
41 | Lebih satu suku kata: Astramiruda mlajar. (kembali) |
42 | irungirèki. (kembali) |
43 | asabe. (kembali) |
44 | botor. (kembali) |
45 | tinjane. (kembali) |
46 | Kurang satu suku kata: iya kêmbulana ingong. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: kawula atur uninga. (kembali) |
48 | ranangga. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: dhuh pangeran uculêna. (kembali) |
50 | Lebih satu suku kata: ngure-ure rema. (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata: kojur dènnya têtapih. (kembali) |
52 | Lebih satu suku kata: jamake wong pêrang. (kembali) |
53 | angisin-isin. (kembali) |
54 | Lebih satu suku kata: Răngga Jasantika. (kembali) |
55 | Lebih satu suku kata: pira kadangmu kang tunggal bibi. (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata: adhuh dewaku kangjêng kiyai. (kembali) |
57 | sirahe. (kembali) |
58 | ingambung. (kembali) |
59 | Lebih satu suku kata: Ni Cêmara nèng ngarsa kapering. (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata: nganti napa tan magut jurite. (kembali) |
61 | amagut. (kembali) |
62 | kalindhih. (kembali) |
63 | balenjani. (kembali) |
64 | Halaman 257 sampai dengan 258 tidak ada. (kembali) |
65 | Kurang tiga gatra: ke-4 (10i), ke-5 (6i), dan ke-6 (6u). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman yang tidak ada. (kembali) |
66 | Nomor pupuh ini dan bait-bait seterusnya belum tentu benar, mengingat ada 2 halaman hilang. (kembali) |
67 | Kurang lima suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
68 | kuwanin. (kembali) |
69 | Kurang satu suku kata: payo atandhing kuwanin. (kembali) |
70 | Kurang tiga gatra: ke-1 (8a), ke-2 (11i), dan ke-3 (8u). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
71 | Lebih satu suku kata: baya lara ragane dèn priha lampus. (kembali) |
72 | mokal. (kembali) |
73 | Kurang satu suku kata: kadya ngobahêna jagad. (kembali) |
74 | Sandulumur. (kembali) |
75 | agurawalan. (kembali) |
76 | Kurang satu suku kata: tan adangu nuli prapta. (kembali) |
77 | pentari. (kembali) |
78 | Lebih satu suku kata: sampun prapta pamondhokan. (kembali) |
79 | pira. (kembali) |
80 | lolohi. (kembali) |
81 | Kurang satu suku kata: sira Dèwi Surèngrana. (kembali) |
82 | kusuma. (kembali) |
83 | Halaman 267 sampai dengan 268 tidak ada. (kembali) |
84 | Nomor pupuh ini dan bait-bait seterusnya belum tentu benar, mengingat ada 2 halaman hilang. (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
86 | Lebih satu suku kata: apan sampun wahana joli. (kembali) |
87 | Kurang tiga gatra: ke-1 (10i), ke-2 (10a), dan ke-3 (8e). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman sebelumnya yang tidak ada. (kembali) |
88 | Kurang satu suku kata: apanunggul intên mas adi. (kembali) |
89 | gandanipun. (kembali) |
90 | tumêngèng. (kembali) |
91 | Kurang satu suku kata: abêbungkul kêncana di rêtna. (kembali) |
92 | Lebih satu suku kata: ngarsa wingking kanan lan kèri. (kembali) |
93 | Lebih satu suku kata: munggèng wuri putri Singasari. (kembali) |
94 | Lebih satu suku kata: sinjang cindhe kêkupu. (kembali) |
95 | Kurang satu suku kata: têpbah jaja amêmantêsi. (kembali) |
96 | Kurang tiga suku kata : pan audhêt cawêni ing sutra kuning. (kembali) |
97 | Kurang satu suku kata: kêkacu mas lawan sawunggaling. (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata: kêndhaga êmas ngayun. (kembali) |
99 | Kurang satu suku kata: kate êmas nèng kanan kèri. (kembali) |
100 | Lebih satu suku kata: miwah kêndhi pratola. (kembali) |
101 | Lebih satu suku kata: bungkul maniking banyu. (kembali) |
102 | Kurang satu suku kata: sumping êmas gêgubahan. (kembali) |
103 | Lebih satu suku kata ambêranyak pra inyane. (kembali) |
104 | Lebih satu suku kata: sami rinênggèng sotyane. (kembali) |
105 | bagaspati. (kembali) |
106 | Kurang satu suku kata: Nini Sanggit munggèng kiwa. (kembali) |
107 | Kurang satu suku kata: rinarêngga êmas cinawi. (kembali) |
108 | pinatik. (kembali) |
109 | sambêrlilène. (kembali) |
110 | Kurang satu suku kata: dhasare kasihan dhewe. (kembali) |
111 | Lebih satu suku kata: lir Dèwi Wilotama. (kembali) |
112 | Kurang satu suku kata: kêpbo mênggah agêlang kana kinêmit. (kembali) |
113 | Kurang satu suku kata: agalak lindrine agumawang. (kembali) |
114 | Lebih satu suku kata: kèdhêp sapangandikane. (kembali) |
115 | Lebih satu suku kata: banyakdhalang ranipun. (kembali) |
116 | Lebih satu suku kata: sutra jêne dadu. (kembali) |
117 | Lebih satu suku kata: sumêrk lampahe dirada. (kembali) |
118 | Lebih dua suku kata: Ki Prasănta rereyong nèng wuri. (kembali) |
119 | Lebih satu suku kata: uyuhe lir pancuran. (kembali) |
120 | nunggang. (kembali) |
121 | Lebih satu suku kata: kêmilane palikang. (kembali) |
122 | Kurang satu suku kata: kula pagone atiba. (kembali) |
123 | Lebih dua suku kata: kang kawarna Prabu Singasari. (kembali) |
124 | Lebih dua suku kata: sampun lêpas nrajang wanawasa. (kembali) |
125 | Kurang satu suku kata: anèng soring prabatang. (kembali) |
126 | Kurang dua suku kata: padha enggar aluru ya sari-sari. (kembali) |
127 | Lebih satu suku kata: wênèh ana padhêkan. (kembali) |
128 | Lebih satu suku kata: katunjang padha rowang. (kembali) |
129 | Lebih dua suku kata: tan kawarna lampahe dipati. (kembali) |
130 | Lebih satu suku kata: nusul kang anèng wuntat. (kembali) |
131 | nganti. (kembali) |
132 | Kurang dua suku kata: pan Ki Wasi Curiganata gumuyu. (kembali) |
133 | Lebih tiga suku kata: putranira kang dadi woding ati. (kembali) |
134 | ingenggalakên. (kembali) |
135 | Kurang satu suku kata: Kêlana Jayadiluwih. (kembali) |
136 | Kurang dua suku kata: ing sakèhe kang para rabi-rabi. (kembali) |
137 | Kurang satu suku kata: sakèhe para amanis. (kembali) |
138 | Kurang satu suku kata: Kêlana Jayadiluwih. (kembali) |
139 | Kartapati. (kembali) |
140 | Kurang satu suku kata: godhèg bêrngos kangêmas Wonagiri. (kembali) |
141 | Kurang satu suku kata: Jêjêtan lawan Pamêcut. (kembali) |
142 | Kurang satu suku kata: ingkang kapêrnah anom padha angujung. (kembali) |
143 | Lebih suku kata: miwah sakèh pramèswara. (kembali) |
144 | Kurang satu suku kata: lawan putra ing Jênggala Marabangun. (kembali) |
145 | Lebih satu suku kata: kaki putra napa kang karsa malih. (kembali) |
146 | rudita. (kembali) |
147 | Kurang satu suku kata: Ki Kêlana Anjayadiluwih. (kembali) |
148 | Kêdhiri. (kembali) |
149 | Kurang satu suku kata: anênêdha sihing dewa luwih. (kembali) |
150 | Lebih satu suku kata: radèn putra angandika aris. (kembali) |
151 | Kurang satu suku kata: prabu sabrang ingsun atêtakèn. (kembali) |
152 | digbya. (kembali) |
153 | Kurang satu suku kata: apan sira sampun tanpa tandhing. (kembali) |
154 | Kurang satu suku kata: têtêlukan kang măncanêgari. (kembali) |
155 | Lebih satu suku kata: apa kang siranti. (kembali) |
156 | Lebih satu suku kata: sabrang griyanipun. (kembali) |
157 | Lebih dua suku kata: pan sarira kawula jrih jurit. (kembali) |
158 | Lebih satu suku kata: kang amindha juwata nauri. (kembali) |
159 | Lebih satu suku kata: putra Jênggala lawas patine. (kembali) |
160 | Kurang satu suku kata: lèngsèr Kêlana Jayadiluwih. (kembali) |
161 | Kurang satu suku kata: Bikang Murdiya tan arsa krami. (kembali) |
162 | Lebih satu suku kata: têka pantês sinjang cindhe wilis. (kembali) |
163 | Lebih satu suku kata : mila mujya smèdi. (kembali) |
164 | Lebih dua suku kata: lir apait gêndhis. (kembali) |
165 | Lebih satu suku kata: pagene sira mujya sêmèdi. (kembali) |
166 | Lebih satu suku kata: lumuntur wotsantun. (kembali) |
167 | Lebih satu suku kata: mila kawula mujya sêmèdi. (kembali) |
168 | Kurang satu suku kata: tulusa angrèh ing nungsya Jawi. (kembali) |
169 | Lebih satu suku kata: pêsthi sira mukti. (kembali) |
170 | jalarane. (kembali) |
171 | Kurang satu suku kata: sang dyah turnya aris. (kembali) |
172 | Lebih satu suku kata: dhuh dewa tan padu. (kembali) |
173 | Lebih satu suku kata: têmbe mirsa wèh mong. (kembali) |
174 | Lebih satu suku kata: tingalana citrane sun iki. (kembali) |
175 | Lebih satu suku kata: Bikang Murdeya ngênglêng ningali. (kembali) |
176 | Kurang satu suku kata: atulusa asih. (kembali) |
177 | Lebih satu suku kata: jwata iki nêmêni karsane. (kembali) |
178 | Lebih satu suku kata: roro padha mujya kaprabone. (kembali) |
179 | Kurang satu suku kata: Ki Sandulumur amuwus aris. (kembali) |
180 | Lebih satu suku kata: ngatona dewa sira kang luwih. (kembali) |
181 | Kurang satu suku kata: agumuyu ingkang para nyai. (kembali) |
182 | asu. (kembali) |
183 | Lebih dua suku kata: Sandulumur sarwi ngiwi-iwi. (kembali) |
184 | Kurang satu suku kata: dèn gawea kuramasa iki. (kembali) |
185 | Lebih satu suku kata: angsal dewa kang linuwih. (kembali) |
186 | Lebih dua suku kata: ngur lakia wong liyan. (kembali) |
187 | Lebih satu suku kata: tan dadi rasaning ati. (kembali) |
188 | datan. (kembali) |
189 | Lebih satu suku kata: datan lêrês dhêmên jwata asung wigna. (kembali) |
190 | Lebih satu suku kata: pan arsa panggih kang rayi. (kembali) |
191 | Lebih satu suku kata: kusuma putri Cêmara. (kembali) |
192 | Lebih satu suku kata: dingarèn kapanggih guling. (kembali) |
193 | Lebih dua suku kata: sapraptane pagulingan. (kembali) |
194 | Lebih satu suku kata: asru dènnya ngaras pipi. (kembali) |
195 | Lebih tiga suku kata: ngandika pait gêndhis. (kembali) |
196 | Lebih satu suku kata: gawe samêlanging ati. (kembali) |
197 | Lebih satu suku kata: punapa milu prang pupuh. (kembali) |
198 | Lebih satu suku kata: ping kalihe lara ati. (kembali) |
199 | Kurang satu suku kata: mèsêm rahadèn putra. (kembali) |
200 | Lebih satu suku kata: apan sarwi ngaras pipi. (kembali) |
201 | Lebih satu suku kata: nadyan kawula ugi. (kembali) |
202 | Kurang satu suku kata: adadosa rêmak rêmpu. (kembali) |
203 | Lebih satu suku kata: lan Wijatmaka dados cucuking yuda. (kembali) |
204 | Kurang satu suku kata: adhuh mirahipun kakang. (kembali) |
205 | Lebih dua suku kata: rêtna putri Cêmara. (kembali) |
206 | Lebih satu suku kata: sumahab lampahing bala. (kembali) |
207 | Lebih satu suku kata: tawok lêmbing lawan bêdhil. (kembali) |
208 | Lebih satu suku kata: Jalêksana Yudapati. (kembali) |
209 | Lebih satu suku kata: sakèhe putra Jênggala. (kembali) |
210 | taluki. (kembali) |
211 | Kurang satu suku kata: bêndhe kalawan bèri. (kembali) |
212 | Kurang satu suku kata: uwus munggèng ing wuri. (kembali) |
213 | Lebih satu suku kata: wadya lir sêgara têdhuh. (kembali) |
214 | Lebih dua suku kata: maring para putranipun. (kembali) |
215 | Lebih dua suku kata: kabèh atmajaningwang. (kembali) |