Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17)

Judul
Sambungan
1. Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 18-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 37-54). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
» Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Ringkasan). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 17-07-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Panji Marabangun[1]

--- [f. 1v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 1 dari 151

1. Asmara-

1. têtkalanira tinulis | ing wanci jam songa siyang | anuju Sêtu dinane | Wage pasarane ika | ping têlu likur tanggalnya |[2] sasi Ruwah kang lumaku | ing taun Jimawal ika ||

2. taun Jawi kang lumaris [luma...]

--- [f. 2r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 2 dari 151

dona

[...ris] | sèwu wolung atus ika | suwidak papat punjule |[3] anênggih sasi Wêlănda | Mèi ping pitu ika | taun sèwu wolung atus | suwidak langkung satunggal |[4]|

3. kang darbe sêrat puniki | akalbu

--- [f. 2v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 3 dari 151

jalma sumadya | ing kampung Cina dalême | awasta Bah Si Cong ika | kèrêm ing astra[5] Jawa | êbère manah kêlangkung | pramila ing mangke yasa ||

4. panêdhane kang anulis | dhumatêng kang Murbèng Jagat | tinulusêna wak ingong | têtêpêna ing agoma | dohêna godha rêncona |[6] duduhêna marga ayu | luputa saliring bahya ||

5. ingkang darbe sêrat malih | sun têdha marang Yyang Sukma | tulusa têtêp imane | kanthia sabar dêrona | sarta pinaringana | rajêki ingkang lumintu | aja pêgat sabên dina ||

6. tulusa dipun aubi | dhumatêng sapadha-padha | kang darbe sêrat yuswane | sarta pinaringana kuwat |[7] dhatêng kang Murbe[8] Jagat | tulusa kêna jinujuk [jinu...]

--- [f. 3r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 4 dari 151

[...juk] | mring doma mêskin punika ||

7. ambangun carita lagi | dhapure carita ngiwa | anut ujare kandhane | lawan lakune kang asta | lan tapak kalamira | sinungan têmbang lan têmbung | amrih runtute carita ||

8. wontên carita winarni | tumrap ing dêlancang kartas | kang tinutur sêtjarahe[9] | nêgiri[10] ing tanah Jawa | ingkang kinarya kăndha | nêgri Jênggala winuwus | punika kang ginupita ||

9. anênggih ingkang winarni | Sang Prabu Dewakusuma | kêlangkung susah galihe | saicale mantunira | Rêtna Căndrakirona | icale kalaning dalu | amusna tanpa babahan ||

10. ilange kusuma dèwi | pan kadi sinêndhal dewa | pan nora nana margane | ilange datanpa [data...]

--- [f. 3v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 5 dari 151

[...npa] marga | Dèwi Căndrakirona | mila Radèn Marabangun | kang manah wayang-wuyungan ||

11. wadya ing Jênggalamanik | sêdaya apan sinêbar | kinèn ngulati sang sinom | sagunge wadya Jênggala | sami anjajah desa | wênèh minggah anèng gunung | dènnya ngulati sang rêtna ||

12. mangkana Rahadèn Panji | arsa tilar dalêm pura | angulati ing rabine | pan ana wangsiting dewa | hèh Panji aja lunga | pêsthi benjang uga rawuh | rabimu Căndrakarona[11] ||

13. ya ta sira Radyan Panji | dadya eca manahira | dadya sande ing karsane | dènira atilar pura | ngulati ingkang garwa | rahadèn ika mituhu | sangking wangsite juwata ||

14. nêngêna Rahadèn Panji |

--- [f. 4r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 6 dari 151

ingkang lagya asungkawa | ya ta gênti winiraos | kocapa putri Jagalan | aran Rêtna Cindhaga | warnane asor kêlangkung | kasmaran putra Jênggala ||

15. tinundhung marang sang aji | lolos sangking dalêm pura | sangêt banting salirane | tinurunan ing juwata | aran Yyang Pulunggona | iya iku dewanipun | winêtjang[12] guna kasihan ||

16. ya ta Rêtna Wadalwardi | pinupu marang wong jagal | Jagal Karungbang arane | sira Ki Jagal Karungbang | sangêt gènnya mêlarat | ing mêngko sarêng amupu | marang Ni Rêtna Cindhaga ||

17. ki jagal kêlangkung sugih | sira Ki Jagal Karombang | donyane pan tambuh gène | sangking sawabe sang rara | ingkang gawa ing bêtja[13] | mila agêng [a...]

--- [f. 4v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 7 dari 151

[...gêng] sawabipun | dene putrane sri nata ||

2. Sinom

1. ya ta Ni Rêtna Cindhaga | sakarsane dèn têkani | marang Ki Jagal Karombang | cinatur Ni Wadalwardi | langkung eca kang galih | salirane saya lêmu | dene kusuma rara | sakarsane dèn turuti | marang sira wau Ki Jagal Karombang ||

2. mangkana kusuma rara | Rêtna Dèwi Wadalwardi | wus misuwur ing macêpat | putrane ki jagal singgih | bêtjane anglangkungi | akathah jaka kapencut | nora si kapencuta | sangking ayune puniki | pan kapencut sangking bêtjane sang rara ||

3. datan pêgat awiraga | Rêtna Ayu Wadalwardi | daya silih yèn ayua | wiraga saya nyêngiti | sira kusuma

--- [f. 5r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 8 dari 151

dèwi | yèn cinăndra warnanipun | apan ta kurang warna | luwih alane sang putri | rikma gimbal ajatha kadi rasêksa ||

4. bathuk lêngar êndhas buthak | apantês bokonge canthik | mata kera kuping lawa | mata rada angêriyip | kupinge kaya ilir | grona mênthul pan sawaluh | pipine kaya kêba | untune lir warak mati | lambe gandhul pundhak kêpis gulu kisa ||

5. astane rada kuwaga | anênggih kênakanèki | pan kaya kukune macan | dariji amucuk pêthi | pêrmbayunira iki | apan rada kuning angus | gêdhene winêtara | dinulu cilik gaguling | anglêmperak kaya impês wadhah lênga ||

6. upoma lamun ngandika | kaya wewe anusoni [a...]

--- [f. 5v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 9 dari 151

[...nusoni] | ni rara ing Pêjagalan | ala tulus tanpa tandhing | ingkang amaca sami | midêra sêlawe taun | kaya măngsa antuka | alane kaya sang putri | tuhu ala warnane Rara Jagalan ||

7. ala si tulus alaa | wadane adoyan bukti | sêdina mangan ping songa | nora lali nyăngga piring | yèn kasèp sêkulnèki | piringe nulya dèn gêpuk | daya silih lèrèna | ucul sêga nyandhak uwi | lèrèn uwi anuli nyandhak katela ||

8. têlas amangan kêtela | anuli nyandhak gêmbili | têlas gêmbili punika | kimpul talês dèn gayêmi | lèrèn lamun angising | anulya bobotan iku | mêrkongkong prot-êmprotan | apan sarwi nisil pari | lêbar

--- [f. 6r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 10 dari 151

ngising pari sagèdhèng pêragat ||

9. Ni Rara Cindhaga ika | nêpsune kadi rasêksi | kêrênge angudubillah | iku wong ala pêrtowin | Ni Rara Wadalwardi | anggabêr sarwi amuwus | pan kaya buta lola | tangise Ni Wadalwardi | cinarita ni rara ing Bêjagalan ||

10. apan sampun tigang dina | sira Rara Wadalwardi | anangis angaru-ara | pênangise jaluk laki | Sang Rara Wadalwardi | anangis angamun-amun | pan kaya gajah mêta | singa katon dèn buwangi | kyai jagal anulung mring putranira ||

11. adhuh nini putraningwang | mênênga aja anangis | apa ingkang sira têtdha[14] | lah mangana anak mami | aja sira anangis | sêgane pan mêksih

--- [f. 6v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 11 dari 151

agung | iwak êmpal lan limpa | bakaran tongkol têngiri | pindhang dhorang êmpal cucut wawungkulan ||

12. ni rara ing Pêtjagalan[15] | tinulung saya anangis | si bapa wong tuwa băngka | si dhawuk pan ora mikir | aran aku ta iki | wong wis gêtdhe[16] minthak-minthuk | apa silih manira | nora karêp malih-malih | nora krama andon amangan kiwala ||

13. mèsêm Ki Jagal Karombang | adhuh rara anak mami | nyawa anakipun bapa | ragane anjaluk laki | sokur bagi nak mami | dhuh putraningsun wong ayu | dhuh nyawa jaluk krama | lah pilihana ta nini | pêrjakane wong Gêmulakan sêdaya ||

14. anake para sudagar | ingkang bagus anjulanthir | payo sira pilihana | êndi kang sira [si...]

--- [f. 7r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 12 dari 151

[...ra] sênêngi | ingong lamare nani[17] | Rara Wadalwardi muwus | baya awak manira | sukan laki olih santri | gawe apa akaku kurang sêrnggara[18] ||

15. dhuh bapa sukan manira | alaki tukang mênjait | kayane amung sêpala | sêsasi amung sêtali | baya dadi sêlilit | sukan laki saradhadhu | bêlanjane alawas | ngantu-antu dèn antèni | ingsun iki anganti brăngta kasmaran ||

3. Asmaradana

1. Ni Wadalwardi anangis | sangsaya angaru-ara | pan anangis gêro-gêro | dhuh rama sun gawe apa | laki dudu sêsoma | dumèh yèn rupane bagus | jakane wong Gêmulakan ||

2. gawene padha madati | lawan padha sukak dolan | main bêdhu apadene |

--- [f. 7v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 13 dari 151

dhuh rama sun gawe apa | laki olih wong jaba | iya uga awak ingsun | kasmaran putra Jênggala ||

3. lah payo aturna mami | marang putra ing Jênggala | jêr nyata ingsun mantune | Sêkartaji awak ingwang | apan sinêndhal mayang | marang juwata kang agung | ingsun sinalinan rupa ||

4. saèstune ingsun iki | lah bapa kawruhanira | Sêkartaji awak ingong | payo sira aturêna | marang Prabu Jênggala | sarta lawan kakang brangus | kakang Kuda Rawisrêngga ||

5. sarêng wau amiyarsi | sira Ki Jagal Karombang | Ni Wadalwardi wuwuse | anjêtung tan kêna ngucap | dene nora kayaa | agêdhe pêngarahipun | anakku rara Cindhaga ||

6. ki jagal micorèng galih | nora talah nini

--- [f. 8r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 14 dari 151

sira | baya kêrandhuan wewe | pangucapira mêngkona | dene sing ora-ora | angarah putraning ratu | adhuh nini anak ingwang ||

7. angiloa sira dhingin | lan sawangên rupanira | dene têka kaya wewe | angaku Căndrakirona | wong ayu lir Supraba | gêdhemu sak lumbung bandhung | angaku putri ing Daha ||

8. sapiraa sira nini | yèn dadi karsaning nata | nora anggêgawa ingong | wong cidra marang nalendra | ukume pinatenan | dene sira ngaku-aku | pêsthi gêgawa manira ||

9. manira ajrih kêpati | marang kanjêng sri nalendra | mênawi dadi dukane | nora wurung awak ingwang | dèn jarah dèn pêradhah | ingsun dèn tugêl guluku | lah rara aja mangkana ||

10. angur alakia gusti | oliha [o...]

--- [f. 8v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 15 dari 151

[...liha] ingkang amaca | pêrjakane wong ing kêbon | padha tukang pênjaitan | payo sira piliha | êndi ingkang sira jaluk | anggabêr Rêtna Cindhaga ||

11. bapa aku nora sudi | laki tukang cap-êcapan | gawene padha anglonthe | lawan padha sukak dolan | lan padha sasêretan | bapa nora sudi ingsun | yèn ora putra Jênggala ||

12. yèn sira tan gêlêm ugi | angatêrakên manira | apan aku lunga dhewe | aseba Prabu Jênggala | pêsthi ingsun kêtampan | sarta lawan kakang brangus | abangêt trasna manira ||

13. dene Rêtna Sêkartaji | musna sangking pagulingan | milane wau karsane | pan arsa anamur lampah | sira Rêtna Cindhaga | apan ta arsa angaku |

--- [f. 9r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 16 dari 151

Sang Rêtna Căndrakirona ||

14. mangkana anulya pamit | marang Ki Jagal Karombang | sêdyane pan lunga dhewe | cinêgatan nora kêna | ki jagal akaruna | langkung maras manahipun | sira Ki Jagal Karombang ||

15. lanang wadon padha nangis | mênawi manggih pêrkara | asangêt maras atine | sakesahe putranira | sira Rêtna Cindhaga | sêmana ta kesahipun | sêdalan angêmu waspa ||

16. sira lara Wadalwardi | marang kitha ing Jênggala | akêkudhung ing lampahe | samarga angêmu waspa | sambat putra Jênggala | adhuh lae kakang brangus | tega têmên mring manira ||

17. rabindika kawlasasih | lumaku datanpa rowang | bok iya ana wêlase |

--- [f. 9v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 17 dari 151

kakang brangus marang ingwang | amapag mring kawula | ya ta lampahe andarung | sira Ni Rêtna Cindhaga ||

18. mangkana ingkang winarni | kocapa Prabu Jênggala | lagya sineba sang katong | wau anèng prabayêksa | kêlawan ingkang raka | sang guru putri nèng ngayun | tanapi kang para putra ||

19. andhèr ngarsane sang aji | pan kadya sêkar sêtaman | warna-warna busanane | para putra ing Jênggala | ya ta kang kawuwusa | wau ingkang lagya rawuh | sira Ni Rêtna Cindhaga ||

20. arsa marêk ing sang aji | ya ta ingkang jaga lawang | pan sami gita manahe | sagunge para kapêtdhak[19] | sang rêtna ginendholan | sêdyane ayun malêbu | ingandhêk anèng ing jaba ||

21. gumuruh padha gendholi [gendho...]

--- [f. 10r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 18 dari 151

[...li] | sagunge para kapêtdhak | mring Rêtna Cindhaga mangko | dipun nyona tiyang edan | kêpatèn lakinira | Rêtna Cindhaga amuwus | wong kapêtdhak uculêna ||

22. sira sêngguh sapa mami | manira putri ing Daha | Sêkartaji awak ingong | arsa seba rama nata | panggene[20] ginendholan | sun aturkên kakang brangus | tur dèn kêthok gulunira ||

23. panggene sira puniki | dene padha asikara | iya marang awak ingong | age sira uculêna | sun seba mring sang nata | ya ta kang sami angrungu | kang manah padha amênggah ||

24. dene ngaku Sêkartaji | sêdaya pan kagawokan | dene rupane mêngkono | angaku Căndrakirona | apa silih têmêna | ya ta sira sang

--- [f. 10v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 19 dari 151

aprabu | myarsa gumêdêr ing jaba ||

25. sang nata ngandika aris | mring Patih Kudanawarsa | sira pariksaa mangko | apa gumuruh ing jaba | kya patih awotsêkar | pan sandika aturipun | nulya mêdal anèng jaba ||

26. ya ta Rêtna Wadalwardi | anulya amasang guna | ki patih ingarah mangko | rêkyana patih asiha | marang Rêtna Cindhaga | ya ta ki patih andulu | marang Ni Rêtna Cindhaga ||

27. têka wêlas ingkang galih | Ki Patih Kudanawarsa | alon ing pangandikane | apa ta karane baya | gumuruh sira padha | Rêtna Cindhaga umatur | dhumatêng rêkyana patya ||

28. wau ingkang mariksani | nulya sami atur sêmbah | samya matur sêdayane | maring ki rêkyana patya | gusti atur kawula [ka...]

--- [f. 11r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 20 dari 151

[...wula] | wontên tiyang edan rawuh | arsa seba mring sang nata ||

29. ngaku Gusti Sêkartaji | Kusuma Căndrakirona | lir wewe nak-anak mangke | angaku Căndrakirona | arsa seba sang nata | nanging kawula tan angsung | kula gondhèli wong kathah ||

30. ya ta rêkiyana patih | mulat Ni Rêtna Cindhaga | têka kumêsar galihe | nulya wau tinakonan | marang rêkyana patya | Wadalwardi aturipun | angaku Căndrakirona ||

31. mila kula malih warni | apan sinalinan rupa | mring Sang Yyang Durga ing mangke | ujare dhatêng kawula | yèn benjing awak ingwang | kêpanggih lan kakang brangus | kula sinalinan rupa ||

32. pan ayu kadi rumiyin | jêr kula Căndrakirona |

--- [f. 11v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 21 dari 151

ki patih myarsa ature | wau Ni Rêtna Cindhaga | sumêtdhot[21] manahira | pan asangêt wêlasipun | marang Ni Rêtna Cindhaga ||

33. wantu wong kêna piranti | abangêt wêlasing manah | ki patih pangandikane | manira matur sang nata | sira karia jaba | manira matur sang prabu | apa karsane sang nata ||

34. ya ta Rara Wadalwardi | ingkang kantun anèng jaba | ki patih matur sang katong | Ki Patih Kudanawarsa | matur dhatêng sang nata | apan sarwi awotsantun | pukulun atur kawula ||

35. ingkang gumuruh ing jawi | punika wontên wanodya | pan kadi buta warnane | arsa seba ing panduka | ngaku Căndrakirona | gêtdhene sak lumbung bandhung | kadi wewe anak-anak ||

36. dipun andhêk anèng [a...]

--- [f. 12r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 22 dari 151

[...nèng] jawi | apan sami ginendholan | lir buta lola tangise | akêtdah[22] marak panduka | gusti tiyang punika | sang nata alon amuwus | bapa patih timbalana ||

37. iya anèng ngarsa mami | Ki Patih Kudanawarsa | apan sampun nuduh age | mring Tumênggung Suramadya | ingkang kinèngkèn sigra | nimbali pawèstri iku | tingale lir guladrawa ||

4. Dhandhanggula

1. Ki Tumênggung Suramadya nguni | animbali mring èstri kang prapta | sampun kering ing lampahe | Sêkartaji tiron wau |[23] prapta ngarsanira sang aji | Ni Rara Pêtjagalan | anungkêmi suku | kang wadya ngucap sêdaya | Ni Cindhoga arsa matur mring sang aji | marang Prabu Jênggala ||

2. anging sampun amasang piranti [pira...]

--- [f. 12v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 23 dari 151

[...nti] | guna dhêsthi kêlawan sumbaga | kinayut wong dalêm kabèh | sêdaya lir wong bisu | Prabu Dewakusuma singgih | langkung wêlas tumingal | kasmaran wong agung | wus dilalah kang mangkana | karsanira dewa tan kêna gumingsir | prandene nora duga ||

3. nging bêtthara[24] wau ingkang êning | iku datan kêna asumbrana | wêruh marang lêlakone | angandika sang prabu | hèh ta babo sira wong ngêndi | dene marêk maringwang | pêkênira iku | lah mara age matura | dèn bêlaka lah ta sira aja kumbi | matur kang namur lampah ||

4. apan sarya wau mêlasasih | syaranira Ni Rêtna Cindhaga | anuwun duka wiyose | dewa ji raganingsun | kados kilap panduka mangkin | tambêt dhatêng atmaja | patikbra pukulun | kawula Căndrakirona |

--- [f. 13r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 24 dari 151

sapunika ngaturakên pati urip | dhatêng rama nalendra ||

5. dene ical sipat ingsun dhingin | malih warna rupi kula ala | sang prabu kagèt manahe | dangu tan kêna muwus | apan tigang pandurat mangkin | langkung èmêng kang driya | sira sang aprabu | sêmana ngungun ngandika | mantuningsun pan dhingin ayu linuwih | Rêtna Căndrakirona [Căndrakiro...]

[Ilustrasi:] Patih. Cindhaga. Prabu Jênggala.
[Redaksi: Patih Kudanawarsa dan Retna Cindaga menghadap Prabu Jenggala.]

--- [f. 13v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 25 dari 151

[...na] ||

6. sapolahe kaya Dèwi Ratih | pasang grana rungik[25] tur jatmika | amindha wulan cahyane | têngganya[26] lunging gadhung | rikmanira mêmêk tur wilis | sinome micis wutah | darijine ngrayung | lathine manggis karêngat | tinon lindri mantuningsun rungik-rungik | sêkalire utoma ||

7. duk sêmona wus tinutur sami | ing wiwitan tumêkèng wêkasan | besuk pulih ayu manèh | juwata ingkang tutur | gawe lakon salira mami | duk anèng ing paseban | nyupatani ulun | Bêtthara Durga punika | dupi ngrungu Sang Prabu Jênggalamanik | dahat trisnane manah ||

8. angandika alon sri bopati | marang sira Ni Gêtdhe Pucangan | ya ta atutur polahe | kang anèng ing kêtdhatun[27] | anak ingsun Ni Sêkartaji [Sêkarta...]

--- [f. 14r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 26 dari 151

[...ji] | mara gumatènana | ing saliranipun | nadyan arupaa buta | ujar iku pan iya Si Sêkartaji | lah ingsun kapakêna ||

9. wus pinêsthi ing dewa linuwih | bokmênawa benjang bisa ruwat | mulih ayu ing warnane | Kilisuci wotsantun | ya ta sira Ni Sêkartaji | binêkta manjing pura | lawan para babu | pan sami ngiring sêdaya | awurahan sagunge wong dalêm puri | para garwane nata ||

10. ya ta sira Ni Wuragilkuning | amiyarsa Ni Căndrakirona | prapta anèng dalêm gêtdhe | sang lara pan lumayu | sangking kradenan sang dèwi |[28] lajêng manjing ing pura | sang ayu katêmu | wau kêlawan kang raka | Sêkartaji dinulu lir banaspati | pan kaya buta lola ||

--- [f. 14v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 27 dari 151

11. Ragilkuning gawok ingkang ati | asidhakêp Ni Ragilonêngan | asangêt gêtun atine | dene ta warnanipun | Sêkartaji wong rungik-rungik | lah iku kênongapa | malih kaya antu | apa silih kagrahanan | Sêkartaji warnane nganggo amalih | pan kaya bêtdhawangan[29] ||

12. Ragilkuning amicorèng galih | atiningsun gêtun tan sêpala | dene mangkana dadine | si kakang ayu tulus | dene malih lir antu bumi | dene têka dupara | si kakang wong ayu | sêtun yèn silih maliha | wong akuning dadi irêng yèn amalih | labête saba pasar ||

13. nora têka sêmbarangan malih | upamane ingsun maidoa | kurang punapa sang katong | dene têka miturut | mring kang ngaku Ni Sêkartaji | miwah ta kanjêng uwa |

--- [f. 15r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 28 dari 151

ing Pucangan iku | padha anurut kiwala | aku dhewe atiku pan nora sudi | duwe ipe mangkana ||

14. angandika sang aguru putri | marang sira Ni Ragilonêngan | adhuh nyawa anak ingong | payo gawanên gupuh | kakangira Ni Sêkartaji | payo sira lulura | ing saliranipun | dimèk rada sumaringah | nora kaya Sêkartaji malih warni | rupane kaya kumpra ||

15. Ragilkuning mulat èsmu wêdi | aningali warna kang mangkana | lir wewe putih sêmune | Ragilkuning ambêkus | yèn dèn lulur mring watu putih | pêsthine mundhak mangkak | nora saya ayu | ya ta Ni Căndrakirona | duk sêmana binêkta marang ing bèji | sang rêtna ingêdusan ||

16. wau lawan [la...]

--- [f. 15v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 29 dari 151

[...wan] sagung para cèthi | dipun lulur pan saliranira | sarwi dèn êjum rikmane | kêlayan para babu | rikma gimbal amung sadumil | tumane pan kumêrap | ingêntrok kumrutuk | pan kaya widara tiba | tan sapira gêdhene amung sacindhil | gila ingkang tumingal ||

17. wus ingêjum rikmane barêsih | wus atata rurus rikmanira | anulya dèn gêlung kondhe | salirane dèn lulur | bêngkoyokên bokonge singgih | mêrkongkong bokongira | gêdhene sagênuk | warnane Căndrakirona | ala têrus miwah babu dene iki | wau Căndrakirona ||

18. yèn amêta Sêkartaji iki | dipun căndra nêpsune sang rêtna | lir singa galak pamine | iki wong ayu tulus [tulu...]

--- [f. 16r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 30 dari 151

[...s] | badhogane ngudubilahi | salêbare ginuyang | nuli mundhut sêkul | basane pêrih wêtêngnya | yèn parentah sang rara anjajêmbêri | inya tan kobêr lênggah ||

19. Sêkartaji dhasar ngêmaruki | panganane ngudubilah setan | wong dalêm gila manahe | têmbe ngadhêp wong ayu | lagi iki ingsun ngladèni | wewe amêkajangan | yèn aja sang ratu | ingkang angingoni ika | sapa kêlar yèn wong jaba angingoni | sêdina mangan ping songa |[30]|

20. duk sêmona Rêtna Wadalwardi | wau anèng jroning dalêm pura | nulya masang sumbagane | ya ta sang rajasunu | kang dèn arah dipun gunani | Rajaputra Jênggala | pinrih manahipun | wêlasa dhatêng sang rêtna | Wadalwardi pan sampun masang piranti | pêngasih [pêng...]

--- [f. 16v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 31 dari 151

[...asih] Pulunggona ||

21. kawarnaa wau sri bopati | ing Jênggala pan lagya sineba | animbali mring putrane | Ragilkuning ing ngayun | angandika sri narapati | marang Dèwi Onêngan | nyawa anak ingsun | lah nini sira matura | iya marang kakangira Radyan Panji | aturana uninga ||

22. yèn garwane Rêtna Sêkartaji | mangko prapta anèng dhatulaya | ananging seje rupane | dhingin rupane ayu | pan ing mangke amalih warni | rupane langkung ala | iya nini mantu | nanging ta kinapakêna | wus bêtjane kakangira Radyan Panji | pirabara ing benjang ||

23. lamun bisa rupa ayu maning | Sêkartaji lagi kênong papa | sinupatan ing dewane | mêngkana ta ing besuk | malih warna lir dhingin [dhi...]

--- [f. 17r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 32 dari 151

[...ngin] uni | ya ta Dèwi Onêngan | nulya awotsantun | arsa matur mring kang raka | Ragêlkuning[31] marang kêradenan singgih | kocapa rajaputra ||

24. Radèn Panji pan èsmu prihatin | wulucumbu kalih anèng ngarsa | èsmu sungkawa galihe | duk sêmona kang rawuh | ingkang rayi Ni Ragilkuning | prapta nungkêmi pada | pan sarwi amuwus | Rahadèn Panji ngandika | pa karyane yayi prapta ngarsa mami | sira têka karuna ||

25. lah matura nyawa ari mami | pa karane sira akaruna | lah mara matura age | Dèwi Onêngan matur | mring kang raka pan awor tangis | pangeran tur kawula | dhuh kakang wong bagus | mila kawula karuna | pan ingutus mring jêng rama sri bopati | kinèn atur uninga ||

--- [f. 17v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 33 dari 151

26. kakang êmbok Dèwi Sêkartaji | mangke mantuk anèng dalêm pura | pangeran seje rupane | pan kadi antu laut | awak kuru lir gajah mati | wêtênge kaya warak | bêngkoyokên agung | bokong lir gênuk wêlahan | cahyanira lir wewe putih nusoni | lir buta syaranira ||

27. timbalane kanjêng rama aji | pan kawula kinèn

[Ilustrasi:] Onêngan. Panji.
[Redaksi: Dewi Onengan menghadap kakaknya (Raden Panji).]

--- [f. 18r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 34 dari 151

anaria | marang panduka wiyose | punapa kakang bagus | mêksih trisna mring Sêkartaji | punapa si botêna | dene kakang bagus | Sêkartaji malih warna | yèn panduka datan owah trisnanèki | dhatêng Căndrakirona ||

28. sayêktine pangeran dipati | yèn panduka mêksih sangêt trisna | inggih dipun panggihake | karsane rama prabu | pan akarsa binayangkari | dhumatêng kanjêng rama | pangeran wong bagus | panduka damêl punapa | Sêkartaji rupane kaya mamêdi | lir wewe anak-anak ||

29. kala wingi pangeran dipati | Sêkartaji pan sami asiram | anèng ing bèji pêrnahe | pan kadi warak jêrum | alêmpitan saliranèki | dhasar korènge kathah | malênthung lir jagung |

--- [f. 18v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 35 dari 151

bokonge kawula gila | bêngkoyokên awake pating prakitik | kasap kadi rampêlas ||

30. sampun arsa pangeran dipati | măngsa silih kuranga wanodya | arabi wong kang mêngkono | rajaputra amuwus | adhuh lara ta ari mami | dene ta awak ingwang | nyawa ariningsun | sumăngga karsane rama | nadyan silih arupaa wewe putih | yèn karsane jêng rama ||

31. awak ingsun têka anglampahi | lan malihe yayi awak ingwang | pan wis prasêtya dhingine | kêlayan kakangamu | Sêkartaji wus apêrjanji | ing mangke kênong papa | cobane dewa gung | măngsa ingsun gumingsira | Sêkartaji arupaa wewe putih | măngsa sun selakana ||

32. ujar nyata yayi rabi mami | pan ing donya prapta ing dêlahan | nora duwe tingal [ting...]

--- [f. 19r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 36 dari 151

[...al] loro |[32] yaiku rabiningsun | arupaa buron wanadri | nadyan rupaa buta | nora gila ingsun | lah sira yayi matura | mring jêng rama pan ora suminggah mami | karsane kanjêng rama ||

33. Ragilkuning nulya atur bêkti | arsa matur dhatêng sri nalendra | mundur sangking ing ngarsane | kocapa sang aprabu | pan sineba para bopati | anèng ing prabayêksa | sira sang aprabu | sêmona Dèwi Onêngan | ya ta wau atur sêmbah mring sang aji | sang nata angandika ||

34. lah kapriye rara anak mami | kakangira mau sira warah | kaya kapriye ature | lah rara kakangamu | ya ta matur Ni Ragilkuning | wau dhatêng kang rama | alon aturipun | pukulun putra panduka | kakang Panji ature amakewuhi | inggih dinuga-duga ||

35. lamun [lamu...]

--- [f. 19v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 37 dari 151

[...n] èstu kakang Sêkartaji | warnanipun kadya duk ing kuna | inggih sumăngga ature | yèn èstu kadi lumbung | kados datan purun nglampahi | ya ta Prabu Jênggala | èmêng galihipun | sang nata alon ngandika | marang Êmban Supatma wau tinuding | kinèn animbalana ||

36. wau sira marang Radyan Panji | babu inya kêbat lampahira | pan sampun prapta dalême | Rahadèn Marabangun | apan mêksih wau alinggih | pinarak ing paseban | lawan wulucumbu | nyai êmban awotsêkar | lah ta radèn panduka dipun timbali | dhumatêng rama nata ||

37. pan agupuh sira Radèn Panji | nulya dandan angrasuk busona | sigra lumampah rahadèn | wulucumbu tan kantun | pan kêkalih sami angiring | ya ta

--- [f. 20r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 38 dari 151

datan winarna | lampahe sang bagus | wus prapta anèng paseban | lajêng marêk mring kang rama atur bêkti | pan sarwi ngaras pada ||

38. angandika wau sri bopati | adhuh radèn nyawa anak ingwang | lah sira lungguha kene | anèng ing ngarsaningsun | milanira ingsun timbali | anèng ing ngarsaningwang | babo putraningsun | arsa ngong takoni sira | apa mêksih mantêp trisnanira ugi | lawa[33] Căndrakirona ||

39. mangke radèn garwanira iki | Sêkartaji apan sampun prapta | nanging amalih warnane | pan kaya gajah abuh | Sêkartaji saliranèki | ujare rabinira | radèn anak ingsun | kêna supataning dewa | benjang ruwat nyawa anak ingsun kaki | yèn panggih lawan sira ||

40. lah ta sira anak ingsun kaki | kaya priye [pri...]

--- [f. 20v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 39 dari 151

[...ye] mêngko karsanira | lah sira pupusa radèn | karsane dewa luhung | bokmênawa kaki ing benjing | lah radèn rabinira | bisa malih ayu | Radèn Panji atur sêmbah | praptèng pati pukulun rama dewaji | datan amalik tingal ||

41. nadyan silih yayi Sêkartaji | arupaa kadi buta lola | putra panduka wiyose | tan suminggah ing kayun | inggih botên gingsir ing janji | jêr nyata rabiningwang | dewaji pukulun | inggih pun Căndrakirona | praptèng janji pan botên sèdhèng ing ati | dhatêng Căndrakirona ||

42. ya ta lêga manahe sang aji | amiyarsa ature kang putra | sang nata lêga galihe | lah iya anak ingsun | yèn mangkono ta sira kaki | sun panggihakên sira | kêlawan rabimu | anadene karsaningwang | apan sira [si...]

--- [f. 21r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 40 dari 151

[...ra] ingsun bayangkari maning | lawan Căndrakirona ||

43. atur sêmbah sira Radèn Panji | pan sumăngga ing karsa panduka | datan lênggona karsane | mangkana sang aprabu | sakêlangkung suka kang galih | dene raja pinutra | karsane tumurut | ya ta Sang Prabu Jênggala | nulya bubar wau gènira tinangkil | manjing ing dhatulaya ||

44. ya ta kondur sira Radyan Panjing[34] | kondur anèng dalêm kêradenan | sampun prapta ing dalême | lajêng pinarak wau | apan munggèng paseban jawi | sagung para kadeyan | sami munggèng ngayun | tanapi Menak Pêrsănta | lan Jurudoh tan têbah munggèng ing ngarsi | rahadèn angandika ||

45. marang Menak Pêrsănta puniki | lah ta kakang sira ingsun duta | sira lungaa dèn age | angulatonarèku | sinatriya ingkang apêkik | ingsun gawe pêpatah |

--- [f. 21v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 41 dari 151

pêngantèn ing besuk | anggawaa kêmbar mayang | Ki Pêrsănta Jurudoh matur ngabêkti | nêmbang yuda kênaka ||

5. Pangkur

1. Jurudoh lawan Pêrsănta | atur sêmbah marang Rahadèn Panji | ya ta mundur sangking ngayun | sira Menak Pêrsănta | lampahira sêmana apan andarung | sira Ki Menak Pêrsănta | Jurudoh tansah nèng wuri ||

2. sêdalan apagunêman | Ki Jurudoh wuwuse angacuwis | Dhayok nora duga ingsun | garwane rajaputra | Sêkartaji ujare sampun katêmu | panggene seje rupanya | warnane lir banaspati ||

3. lah ta iku kênongapa | têmbe tumon têka amalih warni | ing wong ayune kêlangkung | malih rupane ala | baya iku dewane edan kêlangkung | têka anyalini rupa | dewane [dewa...]

--- [f. 22r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 42 dari 151

[...ne] kang edan baring ||

4. sumaur Lurah Pêrsănta | baya lamun ora amalih warni | ujare ilang karuwun | Rêtna Căndrakirona | măngsa bedru ilange katut lan mêndhung | mèlu wewe anak-anak | milane dadi mamêdi ||

5. Jurudoh alatah-latah | nora talah baya gustiku iki | apa silih gêndhêng kumprung | kaya ta kênong guna | têka gêlêm pinanggihakên wong iku | dhuh lae nora kayaa | gustiku Rahadèn Panji ||

6. ya ta Ki Menak Pêrsănta | sampun lêpas wau gènnya lumaris | mêngkana ingkang winuwus | kocapa sri nalendra | ing Kadhiri saicale putranipun | Kusuma Căndrakirona | sang nata langkung prihatin ||

7. mangkana sri naranata | ing Kadhiri wau miyos tinangkil | ing prabayêksa alungguh [a...]

--- [f. 22v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 43 dari 151

[...lungguh] | kang putra munggèng ngarsa | Wukirsari munggèng ngarsane sang prabu | sang nata alon ngandika | marang sira Gunungsari ||

8. radèn ingsun myarsa warta | kakangira Si Rara Sêkartaji | ujare pan wis katêmu | Nini Căndrakirona | nanging Radèn Sêkartaji kakangamu | praptane amalih warna | rupane lir banaspati ||

9. manira nora anduga | têka nganggo dene

[Ilustrasi:] Ukirkusuma. Prabu Kadhiri. Para inya.
[Redaksi: Raden Ukirkusuma menghadap Prabu Kediri yang diapit para emban.]

--- [f. 23r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 44 dari 151

amalih warni | baya karsane dewa gung | lah kaki kakangira | payo radèn sira tilikana gupuh | lah ta kaki kadangira | kapriye dadinerèki ||

10. Rahadèn Wukirkusuma | pan sandika aturipun sang pêkik | ya ta nulya awotsantun | mundur sangking ngajêngan | sira radèn karsane arsa lumaku | anèng nêgari Jênggala | ingiring kang para mantri ||

11. ya ta sami lêlancaran | nitih kuda wong kawan dasa ngiring | datan kawarna ing ênu | Radèn Wukirkusuma | lampahira nêgri Jênggala wus rawuh | lajêng marêk ing sang nata | Sang Prabu Jênggalamanik ||

12. sang nata lagya pinarak | wau anèng prabayêksa alinggih | kêsaru kang putra rawuh | Radèn Wukirkusuma | praptèng ngarsa apan sarwi awotsantun | sang aprabu

--- [f. 23v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 45 dari 151

ing Jênggala | wuwuse arum amanis ||

13. adhuh radèn putraningwang | alungguha radèn mring ngarsa mami | baya ta sira ingutus | marang ing ramanira | sira Radèn Wukirsari sampun lungguh | jêng uwa lampah kawula | ingutus dhatêng rama ji ||

14. jêng rama miyarsa warta | kakang êmbok Sêkartaji wus prapti | kawula pan ayun wêruh | kakang Căndrakirona | malih rupa inggih kaya gajah abuh | punika wartose kathah | kawula ayun udani ||

15. Sang Prabu Jênggalapura | angandika dhuh radèn anak mami | sira manjinga kêtdhatun | lah payo tingalana | Sêkartaji kakangira nèng kêtdhatun | ya ta Radèn Wukirsêkar | anulya wau wotsari ||

16. ya ta manjing anèng pura | sira wau apan sampun pinanggih | radèn lawan kakangipun | Dèwi Căndrakirona [Căndraki...]

--- [f. 24r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 46 dari 151

[...rona] | Sêkartaji ingayap kang para babu | alênggah sarya ngalemprak | sarwi nisil kacang goring ||

17. Rahadèn Wukirkusuma | sarêng mulat marang kadange singgih | têka nangis sênggruk-sênggruk | Radèn Wukirkusuma | Sêkartaji ya ta wau asru muwus | pangucape kaya warak | gabêr-gabêr angajrihi ||

18. hèh babo Wukirkusuma | dilêlabrak panggene sira nangis | dikêpruk-kêpruk êndhasmu | apa sira tan surtah | aningali iya marang awak ingsun | lah anjing sira minggata | aja anèng ngarsa mami ||

19. Rahadèn Wukirkusuma | saya ewa rahadèn aningali | ya ta marang kadangipun | dewa angur matia | amêmirang si kakang rupane ayu | kakangbok Căndrakirona | wong ayu arungik-rungik ||

--- [f. 24v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 47 dari 151

20. mangko sinalinan rupa | rupa ayu malèh lir banaspati | malèh samubarangipun | nêksune[35] kaya buta | adhuh lae ingsun nora sudi dulu | kakang Panji yèn arêpa | mulat wong kaya mamêdi ||

21. suka banjur latah-latah | urip tanggung nora padha lan jalmi | Sêkartaji asru muwus | hèh sira Wukirsêkar | lah minggata aja anèng ngarsaningsun | ingong sabêt kopèk sira | tur mêngko ambêbanyaki ||

22. anangis banjur alatah | sira wau Rahadèn Wukirsari | têka kaku atiningsun | dewa angur matia | amêmirang duwe kakang kaya lumbung | kaki dewa kaningaya | kakangbok dipun salini ||

23. ya ta Radèn Wukirsêkar | ya ta kundur sangking ing dalêm puri | kang manah pan sarwi ngungun | mendah dene jêng rama | yèn wêruha

--- [f. 25r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 48 dari 151

putrane lir gajah abuh | pêsthi nora bisa mulat | marang kakang Sêkartaji ||

24. ya ta lajêng lampahira | saking pura Rahadyan Wukirsari | marang kêradenan wau | Rahadèn Wukirsêkar | lajêng marêk ing ngarsane sang abagus | Rahadèn Wukirkusuma | anungkêmi pada kalih ||

25. apan ta sami karuna | ya ta wau Rahadèn Gunungsari | adhuh kakang sanak ingsun | inggih kados punapa | kakang êmbok rayi panduka sang ayu | ing mangke amalih warna | rupane lir wewe putih ||

26. panduka măngsa sudia | aningali dhumatêng kadang mami | Rahadèn Panji amuwus | lah radèn ariningwang | benjang mangke ujar nyata rabiningsun | manira tan malik tingal | nadyan rupa kaya babi ||

27. jêr nyata Căndrakirona | kilap apa lah

--- [f. 25v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 49 dari 151

yayi awak mami | lah yayi aja winuwus | payo padha kasukan | Radèn Panji sêmana langkung sasugun | lan Radyan Wukirkusuma | kasukan lawan Dyan Panji ||

28. ya ta datan kawarnaa | Radèn Panji ingkang kasukan singgih | ya ta ganti kang winuwus | nênggih wontên kusuma | apan lagya kinêlêm ing dewanipun | apapa têngahing wona | kadi mas timbul ing warih ||

6. Maskumambang

1. kang kocapa ing pêrtapan Ardi Wilis | pan wontên kusuma | lolos sangking ing nêgari | karsane anggêntur tapa ||

2. sêtjatine[36] kusuma Ni Sêkartaji | milane mêngkana | tandhane brăngta ing tapi | tan eca dhahar lan nendra ||

3. nora kaya kusumane jaman mangkin | agung sukan-sukan | anayup rahina wêngi | milane ngêprèk kiwala ||

4. nora [no...]

--- [f. 26r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 50 dari 151

[...ra] kaya kusumane jaman dhingin | dene karêp tapa | tega lara lawan pati | tandhane kusuma mulya ||

5. sêtjatine kusuma kêmbang puniki | mulya ingkang endah | tega lara lawan pati | iku kêkasihe dewa ||

6. nora kaya liyane tapa puniki | ingkang kinasihan | marang juwata linuwih | liyane wong bantêr tapa ||

7. ing wong tapa kinasihan ing sêtjati | nanging wong atapa | angèl margane puniki | pilih kang prapta ing tapa ||

8. ngulatana margane tapa puniki | yèn arsa sampurna | sampurna sajroning ati | wêruha dununge tapa ||

9. ya ta sira Rêtna Dèwi Sêkartaji | pan ambantêr tapa | amatèni ingkang dhiri | sang dyah milane mangkana ||

10. ingkang raga asangêt dipun larani | panêdhane dewa | jinurungana ing ati |

--- [f. 26v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 51 dari 151

dadia barang sinêdya ||

11. sasêdyane marang Yyang Tênayajati | sêdya kang cinipta | tinarima ing dewa di | milane ambantêr tapa ||

12. Sang Dyah Ayu Rêtna Dèwi Sêkartaji | sampun myarsa warta | lamun wau Radyan Panji | pan arsa mangke akrama ||

13. nênggih angsal wau Rêtna Wadalwardi | nêgari Jênggala | ana ngaku Sêkartaji | milane Căndrakirona ||

14. langkung pêtêng galihe kusuma dèwi | dene rajaputra | kawarta arsa akrami | angsal Ni Rara Cindhaga ||

15. mangke arsa pinanggihakên sang dèwi | karsane sang nata | pan arsa binayangkari | sira radèn kasatriyan ||

16. dipun arak ing alun-alun sang pêkik | karsane sang nata | milane Rahadèn Panji | kang manah brăngta angarang ||

7. Asmaradana

1. ya ta Dèwi Sêkartaji | saya gagas ingkang [ing...]

--- [f. 27r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 52 dari 151

[...kang] manah | amicorèng ing atine | baya nora tutuk uga | lakone awak ingwang | adêlapira tumuwuh | Sêkartaji ngur matia ||

2. adêlap ingsun aurip | dhuh dewa banjutên ingwang | nora kaya awak ingong | baya kinarya lampahan | anèng ing nungsyapada | ana Sêkartaji têlu | dhuh dewa banjutên ingwang ||

3. lah sokur si kakang Panji | awèta asuka wirya | tulusa dadi pêngantèn | ingsun kang nglakoni papa | anèng satêngah wona | mangkana kusuma ayu | Sang Rêtna Căndrakirona ||

4. ya ta kagagas ing galih | ginugu saya kêrasa | dadya kumambêng galihe | sangsaya akèh kêrasa | rasane manahira | mila kusumaning ayu | sira Ni Căndrakirona ||

5. anangis sajroning galih | sira Ni Căndrakirona |

--- [f. 27v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 53 dari 151

wantu sira sang lir sinom | sira Ni Căndrakirona | nora bisa karuna | minêgês sajroning kalbu | yèn sira kala karuna ||

6. tan lali mring dewa luwih | yèn Sêkartaji karuna | agawe rêngka jagate | sampun mênggaha karuna | nangis sajroning nala | nuli gara-gara agung | lindhu gonjing kang buwona ||

7. udan andêrs[37] awor angin | kilat thathit abarungan | angampar-ampar gêlape | udan awu aprahara | gunung prasamya gêmpal | praptèng suralaya iku | dewa samya kapêlajar ||

8. padha katêrajang gêring | lara watuk lawan panas | ana atis lawan mèncrèt | sira Sang Rêsi Nêrada | katrajang ing lêlara | mutah ngising tai mancur | kongsi gêrong rainira ||

9. salirane kongsi gêring | lumaku asêngkoyongan [asêngko...]

--- [f. 28r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 54 dari 151

[...yongan] | Sang Yyang Nêrada karsane | apan ta arsa aseba | marang Yyang Jagatnata | atakèn pawartanipun | sangkane kang gara-gara ||

10. sêmana Sang Yyang Pramèsthi | pinarak Junggringsêlaka | Nêrada munggèng ngarsane | ya ta Yyang Rêsi Nêrada | matur Yyang Jagatnata | alah inggih adhi Guru | kawula atakèn warta ||

11. sangkane prabawa iki | punapa ingkang amawa | ing nungsyapada ta mangke | sintên kang gawe prabawa | mujar Yyang Jagatnata | hèh kakang Nêrada iku | sira wong dadi kêbayan ||

12. têka nganggo tan ngawruhi | pêsthi sira nora nganglang | tan wruh gara-gara sangkane |[38] pêsthi sira kaluputan | sun capot[39] lungguhira | lamun sira nora wêruh | sangkane kang gara-gara ||

13. Nêrada alon nauri | matur mring Yyang Jagatnata | lah adhi Guru ing mangke |

--- [f. 28v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 55 dari 151

kawula nami kêbayan | inggih lamun wêruha | panduka lêlurahipun | prandene datan uninga ||

14. inggih kula copot mangkin | anênggih lêlinggih dika | lamun tan wêruha mangke | mèsêm Sang Yyang Jagatnata | arum kang pangandika | hèh kakang Nêrada iku | lah ta kakang wruhanira ||

15. sangkane prabawa iki | alah kakang wruhanira | kêkasihe dewa kaot | mangke singkêl manahira | Nini Căndrakirona | payo turunana gupuh | Sêkartaji titah ingwang ||

16. payo turunana aglis | titah sun Căndrakirona | aja kongsi mêdal luhe | alah kakang dadi apa | Sêkartaji nangisa | dewa apês padha mikul | padha bujang ing Sêmarang ||

17. sigra nulya nuwun pamit | sira Yyang Rêsi Nêrada | sampun [sam...]

--- [f. 29r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 56 dari 151

[...pun] mundur ing ngarsane | tumurun ing nungsyapada | lampahe kadya kilat | ing Andongwilis jinujuk | tumurun anèng pêrtapan ||

18. sira Dèwi Sêkartaji | wau ingkang tinurunan | Nêrada munggèng ngarsane | ya ta Yyang Rêsi Nêrada | alon ing wuwusira | adhuh nini titah ingsun | Sêkartaji putuningwang ||

19. amung sira putu mami | wong ayu ayu sêtjagat[40] | kêkasihe dewa kabèh | apa ingkang sira sêdya | anyakiti sarira | apa kang dadi pikirmu | lah rara mara matura ||

20. apa kang sinêdya galih | lah ta nini aranana | apa kang dèn karêpake | apa kurang ayunira | rasane atiningwang | dèn tandhinga lan warnamu | sajrone loji Sêmarang ||

21. sakèh nyonyah padha kari | nyonyah Cina lan Wêlănda |

--- [f. 29v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 57 dari 151

Pacinan tumplêkên kabèh | măngsa ana kang amemba | kêlayan warnanira | adhuh nini putuningsun | lah putu putu manira ||

22. nini matura pun kaki | apa ingkang sira têdha | anjaluka donya akèh | pan sira anake nata | măngsa kiranga dunya | aja sira gawe rêtu | dewa padha kênong tulah ||

23. apan sira dèn lilani [lila...]

[Ilustrasi:] Yyang Nêrada. Citralangênan.
[Redaksi: Sang Yyang Narada turun mendatangi Dewi Citralangenan yang sedang bersemedi.]

--- [f. 30r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 58 dari 151

[...ni] | marang Sang Padawinênang | angrusakêna atine | agawe rêngkaning jagat | payo age matura | Dèwi Sêkartaji matur | marang Yyang Rêsi Nêrada ||

24. matur Dèwi Sêkartaji | pukulun pêpojongkara | atur kawula wiyose | kawula atakèn warta | punapa silih nyata | inggih kakang Marabangun | wartane arsa akrama ||

25. Yyang Nêrada anauri | iya nini putuningwang | lakinira iku mangko | apa linimang sukonan | marang putri Gagêlang | Rêtna Cindhaga ranipun | angunggahi lakinira ||

26. ngaku aranira nini | ujare asalin rupa | sang nata langkung trisnane | miwah nini lakinira | tan owah ingkang manah | ala bêcik pan kinukup | dene kang ngaku manira ||

27. karane ta putu mami | lah nyawa sira muliha | payo ingong

--- [f. 30v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 59 dari 151

atêrake | lawan sun ajani sira | iku Rêtna Cindhaga | sira kêrawusa putu | jêr iku wong adol noma ||

28. yèn sira tan arsa mulih | pêsthi uga lakinira | èstu dipun panggihake | kêlawan Rêtna Cindhaga | karsane sri nalendra | pan arsa binayangkantun | Panji lawan Ni Cindhaga ||

29. ing dina Soma puniki | panggihe putri lan putra | dèn arak ing ratan gêtdhe | Si Panji lawan Cindhaga | karane putuningwang | lah kapriye ta karêpmu | matur Ni Căndrakirona ||

30. atur kawula Yyang Kaki | sokur bagi rajaputra | akrama dadi pêngantèn | kawula takèn kiwala | anèng nêgri Jênggala | inggih benjang panggihipun | têmone putri lan putra ||

31. kang kula têdha Yyang Kaki | sênadyan ulun mantuka | apan sêdya anênonton | anèng

--- [f. 31r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 60 dari 151

nêgari Jênggala | anonton wong angarak | kawula sêdya anamur | anèng nêgari Jênggala ||

32. Yyang Nêrada anauri | adhuh nini putuningwang | dadi karêpmu mangkono | sumêdya namur kiwala | anèng nêgri Jênggala | lah iya sira ngong jurung | sira sun salini rupa ||

33. ingkang jalu langkung pêkik | aladak rada bêranyak | sang rêtna nuwun ature | ya ta Ni Căndrakirona | binêkta marang guwa | wus pinuja warnanipun | marang Yyang Rêsi Nêrada ||

34. sêmona Ni Sêkartaji | apan sampun salin rupa | jalu abagus warnane | kadya putra ing Jênggala | padha karo sing maca | kadya kêmbar yèn dinulu | bedane kantun bêranyak ||

35. Nêrada ika ningali | warnane Căndrakirona | alatah-latah guyune | adhuh nini putuningwang | nya ta wus kabênêran |

--- [f. 31v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 61 dari 151

pênjalukira mas putu | abagus dhasar bêranyak ||

36. Sêkartaji atur bêkti | pukulun pêpojongkara | nanging ta suwaraningon | apan mêksih syara kênya | apan ta dèrèng ewah | nêtdha[41] suwaraning kakung | Nêrada alon ngandika ||

37. mangapa ingsun idoni | dimèkne salin pangucap | Ni Sêkartaji ta mangko | mangap nulya ingidonan | marang Rêsi Nêrada | coh-kêtcoh[42] bali ping têlu | nulya salin kang suwara ||

38. gêtas arênyah amanis | yèn ngandika kumêrampyang | pan kadi saron gêmbrange | ya ta nuli angandika | pukulun pajongkara | pan wus salin syara ulun | kawula anjaluk aran ||

39. kang patut lawan warnèki | Sang Yyang Nêrada alatah | adhuh putu putuningong | bocah ladak kuwarisan | bêranyak ngising pundhak | wong abagus rada bêsur | lah

--- [f. 32r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 62 dari 151

nyawa sira arana ||

40. Ki Wasi Anjayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | sêmbada lawan baguse | bagus bangêt sira nyawa | apan ta kabênêran | Kuda Narawăngsa matur | pukulun pêpojongkara ||

41. lah inggih sampun prayogi | kawula bocah bêranyak | wêwasi bagus warnane | aran Kuda Narawăngsa | aladak kuwarisan | bocah gêndhung pan jumurung | manira asugih japa ||

42. Sang Yyang Nêrada wus pamit | karsane mantuk kayangan | ya ta ingkang winiraos | ingkang kari ing aldaka | Wasi Anjayèngtilam | tuhu yèn warnane bagus | kadi putrane sri nata ||

8. Sinom

1. mangkana datan winarna | Ki Wasi Anjayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | tumurun sangking ing wukir | karsanira sang pêkik | ingkang [ing...]

--- [f. 32v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 63 dari 151

[...kang] sinêdya ing kalbu | anèng nêgri Jênggala | apan arsa aningali | wong angarak têmone putri lan putra ||

2. Radèn Kuda Narawăngsa | lêlakone jungkarangin | lembehane mêrak kontal | sêmplah-sêmplah amantêsi | langak-langak yèn lumaris |[43] apan sarwi watuk-watuk | pan sarwi riyak-riyak | gêmbrang-gêmbrang lamun angling | alah payo wong begal begalên ingwang ||

3. yèn sira arêp andadar | wêwasi sangking ing wukir | kulitku kaya têmbaga | gatêle tan mambu kêris | hèh lanyap wong ing wukir | êndi ingkang dadi jadhuk | wong Gunung Sumawona | miwah desa Selagadhing | ayonana Wasi Kuda Narawăngsa ||

4. bocah ladak ambêranyak | ngising gênthong nora kèli | payo padha ayonana | lah mara begalên mami | wong gunung

--- [f. 33r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 64 dari 151

dipun aglis | lah payo begalên ingsun | kêris ingsun tinatah | pêndhokku bobot rong tail | kaya olih patukon candu rong wadhah ||

5. wong gunung kang padha liwat | angadoh padha sumingkir | langkung ajrih manahira | mring Ki Wasi Jayèngrêsmi | ya ta wau sang pêkik | sampun lêpas lampahipun | andungkap ing padesan | margi anèng ing nêgari | pan akathah wong desa dulur kiwala ||

6. arsa marang ing nêgara | karsane ayun ningali | marang putra ing Jênggala | kang arsa binayangkari | kawarta Radèn Panji | dèn arak ing alun-alun | mila padha wurahan | lanang wadon gêtdhe cilik | dhudha răndha jaka prawan lan wêlanjar ||

7. atanapi wong Têrbaya | yèn ngrungu warta sathithik | apadene wong angarak | gumrubyuk ngêbêki margi | lanang wadon gêdhe cilik |[44] răndha

--- [f. 33v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 65 dari 151

wêlanjar tan kantun | miwah wong ngêmban anak | dèn tuntun sapihannèki | ting carothèt cêlathon urut dêdalan ||

8. adulur anèng ing ratan | anake lurah patinggi | tanapi lêlurah desa | wêlanjar pêrawan sunthi | andulur anèng margi | pating jarêplak lumaku | Ki Kuda Narawăngsa | sêdalan maca rarêpi | wong abagus rada wasis ura-ura ||

9. sêlaka ginawa jala | gumampang angaras pipi | jênang abang cinonthongan | angsung brangti wong puniki | rujak terong sun wêstani |[45] angancam-ancam pêrbayung | dhudhane wong Jênggala | agawe rasaning ati | caluk dawa sun adhang sêlaminira ||

10. Wasi Kuda Narawăngsa | sêdalan maca rarêpi | suwarane gêtas rênyah | pinirsa anjait ati | sagunge para èstri | sami brăngta manahipun [manahipu...]

--- [f. 34r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 66 dari 151

[...n] | pêrawan lan wêlanjar | anake para patinggi | simi[46] brăngta mulat Kuda Narawăngsa ||

11. malah padha anjêjawab | sagunge para pawèstri | pêrawane wong ing desa | tanapi rara ing wukir | adhèhèm sarwi angling | lah kèndêla wong abagus | gèn dika ura-ura | ing ngriki sami alinggih | adhahara manggis kêlawan pijêtan ||

12. yèn wis nginang ya uduta | punika kula cawisi | rakok[47] dawa bêlandaran | anginanga jambe wangi | suruhe wijil candhi | suruh canang apu campur | gambire gambar[48] Salangan |[49] têmbako wijil Magiri | yèn wis nginang sêpahe paringna ingwang ||

13. sun gawene tămba brăngta | wong bagus kêpati-pati | sêmbada bisa amaca | suwarane dudut ati | Ki Wasi Jayèngrêsmi | mèsêm sarwi watuk-watuk | apan sarwi

--- [f. 34v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 67 dari 151

ariyak | Kuda Narawăngsa angling | babo-babo ragane pêpathak desa ||

14. Ki Undhakan Narawăngsa | anggêbrès sarwi awahing | watuk-watuk sarwi riyak | Kuda Narawăngsa angling | hèh sira sun takoni | cêtcakruk[50] pêrawan gunung | dene padha rantaban | sira arsa marang ngendi | kang tinanya sami sumaur sêdaya ||

15. pan arsa maring nêgara | padha arsa aningali | rajaputra ing Jênggala | wartane binayangkari | iya Rahadèn Panji | dèn arak ing alun-alun | Ki Kuda Narawăngsa | wuwuse arum amanis | ingsun uga padha lawan karêpira ||

16. mangkana nulya lumampah | sira Wasi Jayèngrêsmi | ingiring para biyada | padha lumampah ing wuri | ya ta ingkang winarni | utusanira sang bagus | Jurudoh lan Pêrsănta [Pêr...]

--- [f. 35r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 68 dari 151

[...sănta] | alami dènnya ngulati | sinatriya kang bagus mêksih taruna ||

17. ya ta Ki Menak Pêrsănta | alami gènnya ngulati | Pêrsănta anjajah desa | milang kori angulati | nanging datan amanggih | sinatriya ingkang bagus | ya ta Mênak Pêrsănta | sêmana wau ningali | marang sira Ki Undhakan Narawăngsa ||

18. ya ta Ki Menak Pêrsănta | têka rêsêp ingkang ati | mulat Kuda Narawăngsa | èsmu kaduga ing galih | anulya dèn cêgati | ya ta wau lampahipun | mujar Menak Pêrsănta | andika kèndêl rumiyin | wong abagus kawula ayun têtanya ||

19. Wasi Kuda Narawăngsa | ariyak pan sarwi angling | hèh lanyap wong ngêndi sira | angandhêkakên mring mami | apa sira pênyakit | baya sira jadhug Kêtdhu[51] | kêtara pundhakira |

--- [f. 35v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 69 dari 151

ana punuke nglênggirik | arsa begal payo sira ayonana ||

20. lah iki pênganggon ingwang | pêngaji rong atus luwih | bêbêtku garingsing wayang | sabukku cindhe arukmi | sasotyaningsun kalih | pêngajine ana satus | kêris ingsun tinatah | pêndhokku bobot rong tail | thèthèlana yèn sira arsa palastra ||

21. sun riyaki bae padha | padha mêngi karonèki | payo lêmu ingsun uja | karêpira karo iki | Pêrsănta anauri | wuwuse sarwi gumuyu | dhuh lae dene ladak | si pantèn pangucapnèki | inggih kula ki bagus dede bêrandhal ||

22. ala-ala pantèn kula | lah inggih bocah kapilih | kapilih dene nalendra | kawula inggih priyayi | Lêlurah Lèpèntangi | mila awak kula lêmu | dene wong dadi lurah | sandhang

--- [f. 36r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 70 dari 151

sawah lumbung pari | yèn amangan ajang layah gowang têngah ||

23. yèn sore mangan juwadah | lamun bêngi mangan uwi | lamun rina mangan sêga | wayah lingsir mangan cêngkir | wayah asar puniki | maring pasar jajan gêthuk | mila inggih kawula | alêmu salira mami | dadi lurah mangan warêk jêkat pitrah ||

24. ya ta gumuyu alatah | Ki Wasi [Was...]

[Ilustrasi:] Bancak. Dhayok. Kuda Narawăngsa.
[Redaksi: Kuda Narawangsa bertemu Dayok dan Bancak.]

--- [f. 36v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 71 dari 151

[...i] Anjayèngrêsmi | karane ta awakira | karo padha kaya babi | ujar pan doyan bukti | sêmbada lawan raimu | lah apa gawenira | angandhêk-andhêk mring mami | alah lêmu mêngko apa karêpira ||

25. lah payo sira matura | lanyap marang awak mami | Ki Pêrsănta ika mujar | ki bagus kawula iki | arsa atakèn warti | inggih dhatêng sang abagus | pundi wisma panduka | lawan sumêdya mring pundi | angandika Wasi Kuda Narawăngsa ||

26. paman lêmu lamun sira | atêtakon wisma mami | anadene raganingwang | ing pêrtapan Andongwilis | aran ingsun puniki | Kuda Narawăngsa bagus | aladak kuwarisan | ngising gênthong nora kèli | aku uga man lêmu wong panasbaran ||

27. wartane putra Jênggala | pan arsa binayangkari | kêlawan [kêlawa...]

--- [f. 37r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 72 dari 151

[...n] Căndrakirona | pan aku arsa ningali | sira iki wong ngêndi | têka ngandhêk lakuningsun | age sira matura | aja kongsi jaluk bithi | Ki Pêrsănta manahe brăngta angarang ||

9. Asmaradana

1. umatur sarya wotsari | sira Ki Menak Pêrsănta | atur kawula wiyose | yèn radèn inggih panduka | tambêt dhatêng kawula | sêtjatine wulucumbu | rajaputra ing Jênggala ||

2. wêsta kawula puniki | anênggih Menak Pêrsănta | Ki Jurudoh satunggile | dene ta lampah kawula | rahadèn pan dinuta | inggih dhatêng sang abagus | Radèn Inu Kasatriyan ||

3. wêlinge mring awak mami | hèh kakang Menak Pêrsănta | sira lungaa dèn age | marang desa pagunungan | lah sira ngulatana |

--- [f. 37v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 73 dari 151

satriya ingkang abagus | kang ladak mêksih jêjaka ||

4. anadene karêp mami | manira gawe pêpatah | ing benjang pêngarak ingong | anggawaa kêmbar mayang | linggih jajar lan ingwang | anuntên kula lumaku | alami anjajah desa ||

5. kawula amilang kori | rahadèn jalak paningal | desa sun uraki kabèh | miwah wona pagunungan | inggih botên tumingal | satriya ingkang abagus | warnane kadi panduka ||

6. Ki Wasi Anjayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | alatah-latah guyune | hèh kaki lêmu ta sira | ingsun yèn bagus nyata | Lurah Pêrsănta umatur | èstu panduka bêranyak ||

7. kadi kêmbar lawan gusti | rajaputra ing Jênggala | pan kacèk anom rahadèn | kadya satru rarimbagan | kacèk anom lan tuwa | irêng jêne bedanipun [be...]

--- [f. 38r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 74 dari 151

[...danipun] | mangkana Menak Pêrsănta ||

8. mêngko ingsun antuk kardi | lêga tyase Ki Pêrsănta | lan Ki Sadulumur mangko | ya ta Kuda Narawăngsa | alon kang pangandika | alah iya paman lêmu | yèn mêngkono sêdyanira ||

9. karsane gustimu iki | nanging ana janjiningwang | manira bêlaka bae | ingsun nora bisa basa | nadyan putra Jênggala | nora sun basani iku | miwah prabu ing Jênggala ||

10. lan aja anjiyat mami | sakarêpe atiningwang | ingsun wus putus ing gawe | sapa ingkang malang-malang | aku wong panasbaran | paman iku janjiningsun | dèn aturna mring ki putra ||

11. ngandika malih ki wasi | sênadyan ingsun wong arga | wong bagus anom ambancèr | jêlanthir tur wicêksana | sak ênggonku kuncara | akèh wanodya kapencut | samya [sa...]

--- [f. 38v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 75 dari 151

[...mya] edan kalênglêngan ||

12. yèn besuk prapta nêgari | sun anggawa kêmbar mayang | sênadyan putrane katong | ngong tan arsa kungkulana | asil apa ngawula | pan iya watêkaningsun | aku uga mara tangan ||

13. sênadyan gustimu Panji | manira măngsa wêdia | atandhinga prawirane | matur Ki Menak Pêrsănta | gusti atur kawula | sampun maras wong abagus | ing benjang raja pinutra ||

14. kawula ingkang nanggoni | pêrkawis ingkang mêngkana | gusti kawula rahadèn | rajaputra ing Jênggala | alus ing manahira | awon sae pan winêngku | satriya manah raharja ||

15. ya ta Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | wus kering ika lampahe | kêlawan Menak Pêrsănta | Ki Kuda Narawăngsa | langak-langak lampahipun | lembehane mêrak kontal ||

--- [f. 39r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 76 dari 151

16. ariyak gajah angoling | dhasar satriya bêranyak | lakune dèn gawe-gawe | sêkathahe sambiwara | nêgari ing Jênggala | sami brăngta manahipun | mulat Kuda Narawăngsa ||

17. ya ta Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | sêmana laju lampahe | prapta nêgari Jênggala | ing marga urut dalan | kathah wong samya angrungu | dhatênge Menak Pêrsănta ||

18. dènnya ingutus puniki | dhumatêng putra Jênggala | ngulati pêpatah mangke | ing mangke pan sampun angsal | satriya ing aldaka | warnane anom abagus | aran Kuda Narawăngsa ||

19. dupi samya aningali | gêgabagan arantaban | urut marga lêlurunge | mulat Kuda Narawăngsa | samya rêsêp sêdaya | răndha wêlanjar puniku | atanapi wong somahan ||

--- [f. 39v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 77 dari 151

20. sêdaya brăngta ing galih | apan sami ngampirêna | wong bagus mampira age | pinarak wisma kawula | uduta rakok dawa | laki kula nuju suwung | kesah mikul sêrondholan ||

21. bok wêlanjar muwus aris | wong bagus dika mampira | anginuma wedang êtèh | kêlawan manisan pala | inggih sampun sumêta | lawan madat kandêl wau | sampun kula cukit pisan ||

22. sêdaya ngampirkên sami | răndha wêlanjar somahan | ya ta kang lumampah mangke | Wasi Kuda Narawăngsa | datan nolih punika | eca gènira lumaku | apan sarwi mingkis konca ||

23. Ki Sadulumur winarni | dhingini gènnya lumampah | amindha-mindha gustine | apan sarwi langak-langak | lembehan mêrak kontal | pamrihe Ki Sadulumur | anaa kang ngampirêna ||

--- [f. 40r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 78 dari 151

24. Jurudoh kaku kang galih | tan ana kang ngampirêna | murang-muring Ki Jurudoh | Dhayok padha wong lumampah | ana bêtja ana sial |[52] kang sial sira lan ingsun | kang laris baguse Wăngsa ||

25. Pêrsănta alon nauri | ingkang laris amèh setan | kang sial bêlaka bae | dene kaya kulak bêras | bêbakul ing Sumarang | iku lumrahe puniku | nulya sami alumampah ||

26. Pêrsănta ithuk ing wuri | nulya ana wong kang ngundang | paman lêmu dipun age | sira mampira sadhela | jumbul Menak Pêrsănta | wakane manira nyandhung | marani Menak Pêrsănta ||

27. wontên punapa ta bibi | anyêluk dhatêng kawula | wong wadon amuwus alon | paman arêp buruh sira | ngumbah popok manira | Pêrsănta mirêng puniku | cêngkelak wangsul [wangsu...]

--- [f. 40v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 79 dari 151

[...l] sêksana ||

28. sarwi malêdhingi silit | acancing[53] watês kupingnya | suka gumuyu wong nonton | sampun laju lampahira | prapta ing kêradenan | mangkana ingkang winuwus | kocapa raja pinutra ||

29. sira Panji Wanèngpati | apan lagya siniwaka | lawan kadang kadehane | wau anèng ing paseban | para kadang kadeyan | andhèr sami munggèng ngayun | sira Radèn Carangwaspa ||

30. miwah Radèn Wukirsari | Radèn Kalang lawan Punta | Ki Pêrmadi nèng ngarsane | andhèr kang para kadeyan | atap munggèng ing ngarsa | nanging Radyan Marabangun | kang tansah ingarsa-arsa ||

31. wulucumbune kêkalih | Jurudoh lawan Pêrsănta | padha ingutus kalihe | marang Radyan Kasatriyan | angupaya pêpatah | satriya ingkang abagus | alami tan ana prapta ||

32. kayungyun [kayungyu...]

--- [f. 41r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 80 dari 151

[...n] Rahadèn Panji | marang Ki Menak Pêrsănta | adangu dènnya angantos | lir nganti wulan tibanya | kadi anganti ika | kêlême pêrau gabus | timbule watu kêmlasa ||

33. sira wau Radèn Panji | asangêt angarsa-arsa | kêsaru wau dhatênge | sira Ki Menak Pêrsănta | jajok[54] tanpa larapan | lajêng marêk sang abagus | Pêrsănta lajêng wotsêkar ||

34. angandika Radèn Panji | lah kakang sira bagea | alawas manira kongkon | apa sira olih karya | lah kakang lakunira | Lurah Pêrsănta umatur | dhuh radèn atur kawula ||

35. inggih radèn angsal kardi | nanging ta dèrèng kantênan | inggih radèn lamun kangge | dhumatêng karsa panduka | dene tiyang aldaka | sênadyan silih abagus | datan wagêt tata krama ||

36. nanging radèn atur

--- [f. 41v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 81 dari 151

mami | sênadyan tiyang aldaka | pan rada kapilih dhewe | sênadyan silih gununga | gusti atur kawula | pan wontên kakuwungipun | aran Kuda Narawăngsa ||

37. ya ta angandika aris | sira Radyan Kasatriyan | lah kakang êndi rupane | sênadyan gunung oraa | manira ayun wikan | Lurah Pêrsănta umatur | kawula antun ing jaba ||

38. angandika Radèn Panji | payo kakang timbalana | kakang anèng ngarsaningong | ya ta Ki Menak Pêrsănta | ature pan sandika | ya ta tinimbalan sampun | Wasi Kuda Narawăngsa ||

39. munggèng ngarsane Dyan Panji | Radèn Kuda Narawăngsa | Sang Panji alon wuwuse | yayi gon manira basa | gunung marang ing sira | sapa ta baya aranmu | gunung êndi wismanira ||

40. lah matura marang mami | Wasi Kuda Narawăngsa [Narawăng...]

--- [f. 42r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 82 dari 151

[...sa] | asru wau ing wuwuse | hèh Panji yèn sira tanya | Panji marang manira | ya aku satriya gunung | ing Andongwilis pêrtapan ||

41. manira aran wêwasi | Wasi Kuda Narawăngsa | bocah ladak bagus dhewe | iya iku aran ingwang | Panji yèn sira tanya | Radèn Panji alon muwus | yayi Kuda Narawăngsa ||

42. apa silih yayi ugi | sira nora bisa basa | dene tan basa maringngong | ya ta Kuda Narawăngsa | mingo sarwi ariyak | hèh Panji sira puniku | panggene nyêndhu maringwang ||

43. dhingin mula aku janji | apan aku bocah desa | bocah gunung ênang-ênung |[55] nora bisa tata krama | ingsun tan bisa basa | lah ta êndi paman lêmu | hèh lêmu lah marenea ||

44. lah kapriye ujar mami | gon ingsun janji [ja...]

--- [f. 42v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 83 dari 151

[...nji] lan sira | kala ingsun apatêmon | lah panggene gustinira | anyêndhu maring ingwang | dumèh nora basa ingsun | Panji alon angandika ||

45. manira ngapura yayi | sira nora basa mringwang | ananging pênjaluk ingong | benjang lawan kanjêng rama | yayi sira basaa | Kuda Narawăngsa muwus | yêkti ingsun lamun basa ||

46. angandika Radèn Panji | kaki Kuda Narawăngsa | ing benjang patêmon ingong | sira sun gawe pêpatah | angampil kêmbar mayang | angiringa lawan ingsun | dadia kanthi manira ||

10. Kinanthi

1. Kuda Narawăngsa muwus | hèh panggene sira Panji | ujarmu pan wong sujona | sira angarani mami | pan ingsun mêksih taruna | têka sira undang kaki ||

2. aja sira susar-susur | angarani maring mami | tur sira akapradangan [aka...]

--- [f. 43r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 84 dari 151

[...pradangan] | ingsun suduk mêngko mati | kêris ingsun pan tinatah | mandine kêpati-pati ||

3. kêrisku kaliwat ampuh | singa kang katiban mati | aja sira asumbrana | mèsêm ngandika Sang Panji | aja sira salah tămpa | yayi Wasi Jayèngrêsmi ||

4. băngsa kaki têgêsipun | wong tuwa wus kaki-kaki | akukuh pambêkanira | nora duwe ujar kalih | mantêp yayi duwe kadang | alah iya yayi Wasi ||

5. Kuda Narawăngsa manthuk | iya bênêr sira Panji | yèn mêngkono jawabira | balik têgêse wêwasi | lawan Kuda Narawăngsa | lah kapriye jawabnèki ||

6. Radèn Panji alon muwus | yayi jawabe wêwasi | basa wasi iku awas | awas marang tata krami | tata kramane kêkadang | pan awas maring wêwadi ||

7. kuda jaran têgêsipun [tê...]

--- [f. 43v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 85 dari 151

[...gêsipun] | wong sêsanak iku yayi | arukun wong duwe sanak | iku watêkira yayi | agupuh maring ing kadang | mèsêm Wasi Jayèngrêsmi ||

8. sêmune kadugèng kalbu | wuwuse Rahadèn Panji | Wasi Kuda Narawăngsa | wuwuse arum amanis | iya bênêr ujarira | Panji gonira ngarani ||

9. Rahadèn Panji amuwus | yayi Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan [U...]

[Ilustrasi:] Kuda Narawăngsa. Panji.
[Redaksi: Raden Panji berbincang-bincang dengan Kuda Narawangsa.]

--- [f. 44r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 86 dari 151

[...ndhakan] Narawăngsa | amung sira ari mami | pan sira sun aku kadang | sêdulur sinara wèdi ||

10. amung sira ariningsun | wong bagus sira ta gusti | pan sira sadulur ingwang | rukuna ta maring mami | yayi Kuda Narawăngsa | tan liyan kusuma adi ||

11. amung sira ariningsun | dèn mantêp ta sira gusti | duwe sadulur maringwang | amung sira ari mami | mèsêm Kuda Narawăngsa | wuwuse arum amanis ||

12. alah iya Marabangun | yèn têmên sira puniki | ngaku sadulur maringwang | nanging atinira Panji | dèn mantêp ing manahira | lawan malihe ta Panji ||

13. dèn bisa momot ing kalbu | iya marang awak mami | dipun jêmbar manahira | kalumuhana ta Panji | aku uwong panasbaran | mara nyuduk mara kêris ||

14. utawane aku besuk | Kêsatriyan manjing puri | wantu [wa...]

--- [f. 44v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 87 dari 151

[...ntu] rabimu akathah | yèn ana dhêmên mring mami | utawa ta sêlirira | sayêkti ingong ladèni ||

15. mênawa dadi atimu | pêsthine ngong sêmbadani | lah aku măngsa wêdia | marang sira gênti kêris | mèsêm Radèn Kasatriyan | wuwuse arum amanis ||

16. alah iya ariningsun | aja sira walanggalih | sênadyan ta rabiningwang | yayi yèn sira karsani | yayi ingsun suka lila | aja sira walangati ||

17. ya ta wau alon muwus | Ki Wasi Anjayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | wuwuse arum amanis | lah ta Panji ingsun tanya | pira sêlirira Panji ||

18. Sang Panji alon amuwus | amung sathithik ta yayi | cacah amung kawan dasa | sêkathahe para sêlir | anging Kuda Narawăngsa | manira arsa udani ||

19. Sang Panji ika amuwus | sira manjinga ing puri | manira [mani...]

--- [f. 45r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 88 dari 151

[...ra] pan wis pitaya | marang sira yayi wasi | yayi sun wênangkên sira | pagujêngan lawan sêlir ||

20. ya ta manjing ing kêtdhatun | sêkathahe para putri | mulat Kuda Narawăngsa | sêdaya sami gung brangti | lampahe amirong konca | sirik rada marak ati ||

21. kocapa jroning kêtdhatun | sêkathahe para putri | sêlire raja pinutra | kawan dasa kathahnèki | sêdaya wasis ing karya | sêkathahe para sêlir ||

22. wurahan wong dalêm agung | kabèh garwane Dyan Panji | wantune raja pinutra | pan arsa binayang kari | ing benjang yèn dina Soma | panggihè putra lan putri ||

23. mila sami ngêrngga[56] kampuh | sagunge kang para sêlir | anyongkèt angalualam | wênèh mêrada lan nyungging | ana amêrnggi[57] punika | wênèh dondomi kulambi ||

24. ana karya burat

--- [f. 45v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 89 dari 151

arum | ana karya burat wangi | ana ingkang ngrujit sêkar | anggubah sêkar mêlathi | cêpaka lawan kênonga | ana karya wida wangi ||

25. kêsaru wau kang rawuh | Ki Wasi Anjayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | manjing anèng dalêm puri | lakune anglangak-langak | apan sarwi jungkarangin ||

26. apan sarwi watuk-watuk | Ki Wasi Anjayèngrêsmi | adhèhèm sarwi ariyak | kagèt sagung para putri | dèn nyana raja pinutra | kang manjing ing dalêm puri ||

27. sagunge kang para arum | kang sami anyapêng[58] kardi | pan sami kandhêk sêdaya | dipun nyana Radèn Panji | kang manjing anèng ing pura | cingak sagung para sêlir ||

28. arsa angabêkti wau | ya ta sarêng aningali | pan dede raja pinutra | ya ta sagung para sêlir | sami amicorèng [amico...]

--- [f. 46r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 90 dari 151

[...rèng] nala | lah iki satriya ngêndi ||

29. dene manjing ing kêtdhatun | polahe angêlanangi | pan sarwi angore rikma | yèn wêruha Radèn Panji | dipun tugêl jangganira | dene têka anglanangi ||

30. apa baya nora wêruh | kakang êmas Radèn Panji | upoma lamun wêruha | pêsthi sira angêmasi | dipun kêthok gulunira | marang pangeran dipati ||

31. ya ta sagung para arum | pan sami ewa kang galih | mulat Kuda Narawăngsa | ya ta Wasi Jayèngrêsmi | para putri samya mulat | tanya sagung para putri ||

32. hèh sagunge para ayu | aja na tambuh ing ati | ingsun manjing anèng pura | pan karsaningsun pribadi | apan ingsun arsa wikan | mring sagunge para putri ||

33. sapa kang sêngit maringsun | sun tuturake Si Panji | manira măngsa wêdia | lan lakinira

--- [f. 46v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 91 dari 151

Si Panji | pan aku wani sudukan | lan lakinira Si Panji ||

34. balik ingsun arsa wêruh | mring pakaryanira iki | aran ta sira wanodya | apa karyanira sami | payo ingsun arsa wikan | mring pakaryanira sami ||

35. sêkathahe para arum | pakaryane dèn priksani | marang Kuda Narawăngsa | sagunge kang para putri | ana nyungging amêrada | anyungkèt wênèh anêpi ||

36. ana bathik wênèh nênun | ana bathik sinjang lurik | ana nyulam ngalualam | ana ingkang andondomi | sagunge para wanodya | pakaryane dèn waloni[59] ||

37. Kuda Narawăngsa muwus | sarya riyak dènnya angling | sagunge para wanodya | pakaryane dèn poyoki | marang Kuda Narawăngsa | sagunge kang para putri ||

38. Kuda Narawăngsa muwus | marang sagung para putri | hèh sagunge para kênya [kê...]

--- [f. 47r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 92 dari 151

[...nya] | iki olèhira nyungging | iki olèhmu mêrada | dene têka ting bêlasik ||

39. dene rupanira ayu | arusuh karyanerèki | sukuningsun ingkang kiwa | bisa nyungging kaya iki | sagunge para wanodya | ingkang manah brăngta kingkin ||

11. Asmaradana

1. ya ta sagung para putri | myarsa ujar kang mangkana | dèn campahi pakaryane | marang Kuda Narawăngsa | sagunge para kênya | apan ta sami amuwus | mara Kuda Narawăngsa ||

2. lah kakang dika wuruki | gèn kawula amêrada | ingkang wasis pakaryane | mèsêm Kuda Narawăngsa | alon dènnya ngandika | padha dêlêngên matamu | mêngko ingsun amêrada ||

3. sênadyan aku wong wukir | apan nyungging aku bisa | anyongkèt pan wus gawene | anyongkèt lan [la...]

--- [f. 47v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 93 dari 151

[...n] ngalualam | kabèh pakaryaningwang | apan kabèh bisa ingsun | sênadyan ingsun satriya ||

4. payo tingalana sami | mêngko ingsun amêrada | lah tingalana rakite | ya ta Kuda Narawăngsa | gya lêkas amêrada | para putri kabèh dulu | rakitipun amêrada ||

5. sira Wasi Jayèngrêsmi | dhasar wasis ing pakarya | amêrada wus gawene | sinambi angalualam | Ki Kuda Narawăngsa | atitis pakaryanipun | pating cakêthik astanya ||

6. sira Wasi Jayèngrêsmi | apan sarwi ngura-ura | kang mulat brăngta manahe | syara arum piniyarsa | kadi ngalapna jiwa | sêkathahe para ayu | brăngta Kuda Narawăngsa ||

7. Ki Wasi Anjayèngrêsmi | gènnya nyulam ngura-ura | pan akathah parikane | kêlabang sinandhung mubyar | suling munya

--- [f. 48r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 94 dari 151

ngawiyat | nora rêna wong abagus | yèn awèta sêsawangan ||

8. wadung pari sun wêstani | kaningaya wong Jênggala | roning pisang lêsah wite | agawe rarasing driya | gêlang munggèng kênaka | ananging panêdhaningsun | sampun supe ing kawula ||

9. ya ta Wasi Jayèngrêsmi | gènira angura-ura | sinambi nyungging ta mangko | lan sinambi ngalualam | pan sarwi ngura-ura | saprandene sang abagus | sakêtdhap[60] olèh sakêbar ||

10. gawok sagung para putri | mulat Kuda Narawăngsa | dene wasis ing karyane | akêbat dènnya mêrada | lir manungsa kajiman | tan mambu satriya gunung | wasis samubarang karya ||

11. kêlawan malih ki wasi | pan nora kêna dinuga | kaya dudu suwadine | kaya manungsa kajiman | nora

--- [f. 48v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 95 dari 151

kêna dinuga | kadya dèn rencangi iku | widadari ing suwarga ||

12. sagunge kang para putri | apan sami kagawokan | ki wasi wasis ing gawe | mujar Kuda Narawăngsa | marang para wanodya | padha dêlêngên matamu | mangkene ingsun mêrada ||

13. ya ta Dèwi Ragilkuning | alon dènira ngandika | lah kakang wurukên ingong | rakite wong amêrada | anyungging lan angêrngga | Kuda Narawăngsa muwus | hèh Ragilkuning ta sira ||

14. bok aja dadi pawèstri | nora bisa amêrada | aja sira dadi wadon | matur Ni Ragil Onêngan | kadipundi ta kakang | wus bêtjane awak ingsun | jugul nora bisa karya ||

15. lah ba yayi Ragilkuning | ingsun jaluk rakok dawa | lah yayi kêlawan gantèn | mêngko ingsun wuruk sira | anyungging lan mêrada | alah payo ariningsun [arining...]

--- [f. 49r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 96 dari 151

[...sun] | nuli sira gawèkêna ||

16. ya ta Dèwi Ragilkuning | agupuh ing manahira | dhasar panuju atine | mulat Kuda Narawăngsa | kang manah èsmu brăngta | mangke ana marganipun | agupuh kusuma rara ||

17. nulya ngaturan tumuli | rakok dawa bêlandaran | atanapi lawan gantèn | Wasi Kuda Narawăngsa | anuli wau tămpa | sampune tinampan wau | mujar Kuda Narawăngsa ||

18. wruhanira Ragilkuning | iki uga pawèhira | rakok dawa lawan gantèn | ingsun wènèhakên baya | lawan Wukirkusuma | ingsun warah pawèwèhmu | sayêktine bungah mona ||

19. lah iya Si Gunungsari | ingsun adu babedhangan | kêlawan sira wiyose | ya ta Ni Ragilonêngan | alon ing wuwusira | alah kakang

--- [f. 49v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 97 dari 151

sampun-sampun | yèn sida kula karuna ||

20. yèn dika paringkên ugi | kêlayan Wukirkusuma | nora suka lila ingong | nora duwe kabêtcikan[61] | kula mring Wukirsêkar | alah kakang sampun-sampun | kawula tan suka lila ||

21. kula tutur kakang Panji | pêsthi dika olih duka | ki wasi ika wuwuse | lah payo sira tutura | iya mring kakangira | apan nora wêdi ingsun | mring kakangmu Kasatriyan ||

22. ya ta Wasi Jayèngrêsmi | binujêng ika lumajar | Ni Ragilkuning karsane | matur marang ingkang raka | lumayu mring paseban | Sang Panji mêksih alungguh | kêlawan para kadeyan ||

23. Rêtna Dèwi Ragilkuning | prapta anungkêmi pada | alara-lara tangise | rajaputra ing Jênggala | arum kang pangandika | Ragilkuning ariningsun | panggene sira karuna ||

--- [f. 50r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 98 dari 151

24. lah sira matura nini | mulane sira karuna | sira matura maringngong | matur Ni Ragilonêngan | apan sarwi karuna | adhuh kakang wong abagus | kawula atur uninga ||

25. pangeran sajroning puri | wontên raja sinatriya | kakang asangêt ladake | aran Kuda Narawăngsa | kadi lanang priyăngga | kakang anèng ing kêtdhatun | pan sarwi angore rikma ||

26. kadi wismane pribadi | sagunge para wanodya | dèn ajak gaguyon kabèh | inggih Kuda Narawăngsa | kakang maring kawula | basane anjaluk udut | rakok dawa bêlandaran ||

27. sarta lawan gantèn wangi | rakok dawa bêlandaran | sampune kawula awèh | ujar apan mêngkana |[62] kakang dhatêng kawula | Ragilkuning kawruhamu | pawèwèhira maringwang ||

28. sêtjatine iku ugi |

--- [f. 50v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 99 dari 151

pawèwèhira maringwang | nora ingsun udut dhewe | ingsun wènèhakên uga | lawan Wukirkusuma | Ragilkuning sira iku | ingsun adu babedhangan ||

29. kêlayan Si Wukirsari | lah iku karêpaningwang | kakang kawula tan awèh | kawula rêbut lumajar | têmah kula karuna | mila kakang awak ingsun | atur wikan mring panduka ||

30. ya ta mèsêm Radèn Panji | alon dènira ngandika | Ragilkuning ariningong | aja dadi atinira | pan iku ariningwang | Ki Wasi Anjayèngsantun | yayi sada asêmbrana ||

31. iku kadangira yayi | pan angajak pagonjakan | lah turutên sakarsane | yèn jêjaluk marang sira | dèn kêbat wènèhana | pan iku kêkasih ingsun | aja runtik manahira ||

32. Rêtna Dewa[63] Ragilkuning | amicorèng [a...]

--- [f. 51r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 100 dari 151

[...micorèng] jroning nala | si kakang priye karêpe | alah iki basakêna | wong edan ingugungan | ya ta wau kang winuwus | Wasi Kuda Narawăngsa ||

33. prapta ngarsane Dyan Panji | ki wasi alatah-latah | asuka-suka guyune | babo-babo Si Onêngan | baya sakit kang manah | wêwadul ing kadangipun | hèh Panji cêlathu apa ||

34. adhimu Si Ragilkuning | lah age sira wêtcaa[64] | kapriye baya unine | mujar Radèn Kasatriyan | mêngkono ariningwang | olihe tutur maringsun | kang tinutur amung sira ||

35. gonira yayi anyungging | yayi olihmu mêrada | dene abangêt limpate | sagunge para wanodya | padha kari sêdaya | yayi marang panyunggingmu | lawan gonira mêrada ||

36. iku tuture mring mami | Wasi

--- [f. 51v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 101 dari 151

Kuda Narawăngsa | asuka-suka guyune | Panji satêmêne uga | adhimu Si Onêngan | jatine arsa sun adu | mring Radèn Wukirkusuma ||

37. iku karsaningsun Panji | utawa mêngko ta sira | mênawa dadi atine | manira măngsa wêdia | Panji kêlawan sira | ya ta Radèn Marabangun | mèsêm sarwi angandika ||

38. ariningsun kaki wasi | apan ta sing ora-ora | anadene awak ingong | manira pan wis pitaya | yayi kêlawan sira | nadyan iku ariningsun | ngong pasrahakên mring sira ||

39. ala bêcike ta yayi | lah măngsa bodhoa sira | alah iku ariningong | tan ana yogyane baya | iya mring arinira | iya marang ariningsun | marang Si Ragilonêngan ||

40. Ki Wasi Anjayèngrêsmi | Ki Undhakan [Undhaka...]

--- [f. 52r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 102 dari 151

[...n] Narawăngsa | asuka-suka guyune | alah Panji ngong tarima | pitayanira mringwang | nanging ta pênjaluk ingsun | sira dipun sabar uga ||

41. wantu Panji awak mami | aku wong panasbaranan | mara sudukên agêtcos[65] | datan kêna mambu ujar | aku wong mara tangan | lah iku pênjaluk ingsun | Panji dèn kalumuhana ||

42. angandika Radèn Panji | anadene atiningwang | aja nganggo walanggatos | mêngkene babu deningwang | sabar lila ing dunya | sura lêgawa ing lampus | sabar tur lila ing dunya ||

43. mèsêm Wasi Jayèngrêsmi | apan sarwi angandika | manira apan mêngkono | nanging ta bedane uga | ingsun wong panasbaran | anadene antêp ingsun | Panji padha lawan sira ||

44. apan ta datan kawarni | sira Radyan Kasatriyan |

--- [f. 52v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 103 dari 151

asangêt wau trisnane | marang Kuda Narawăngsa | miwah para kadeyan | sami rêsêp manahipun | marang Kuda Narawăngsa ||

45. apan sami wêdi asih | marang Kuda Narawăngsa | dèn kèdhêpakên ujare | ingugung sakarsanira | Ki Kuda Narawăngsa | ya ta Radèn Marabangun | ngandika lir guladrawa ||

12. Dhandhanggula

1. angandika sira Radèn Panji | wau marang Kuda Narawăngsa | amanis arum dêlinge | lah yayi sanak ingsun | payo seba mring rama aji | dimène yayi wikan | marang ing sirèku | lan malih yayi manira | pan wis lawas nora seba mring rama ji | yayi awak manira ||

2. ya ta mujar Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Kuda Narawăngsa | amanis arum dêlinge | Panji lamun sirèku |

--- [f. 53r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 104 dari 151

ayun seba marang rama ji | yêktine bêbasahan | ingong salin kampuh | Panji yèn ingsun busona | langkung apik tan kêna dipun tingali | lawan samining priya ||

3. lawan Panji ingsun jaluk sumping | jalukêna mring Căndrakirona | kang tapak tangane dhewe | Radèn Panji amuwus | ariningsun Dyan Gunungsari | lah sira lumakua | marang ing kakangmu | ingsun sira pundhutêna | sêkar sumping gêgubahan surèngpati | lah sira pudhutêna ||

4. atur sêmbah Radèn Gunungsari | nulya mundur sangking ing ngajêngan | datan kawarna lampahe | ing kaputrèn wus rawuh | kang kocapa Ni Sêkartaji | apan lagya pinarak | anèng bangku-bangku | ingayap para pawongan | Sêkartaji lagya nguntut sêga aking | kinarya nyênyamikan [nyê...]

--- [f. 53v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 105 dari 151

[...nyamikan] ||

5. apan kadi tiyang ngêmaruki | Sêkartaji gènira mêmangan | tan nganggo nganggur cangkême | lèrèn lamun aturu | êntutira lir tambur muni | kêlamun piniyarsa | apan kaya jidhur | dharudhut lir pukul lima | lamun têlas unine ingkang dharidhit | jumêgur kaya urmat ||

6. para êmban padha niba tangi | dipun nyana têngarane pêrang | kumêbul ika ambune | akèh mutah rampêlu | sêkathahe kang para nyai | padha ngili sêdaya | dalêm gègèr êntut | êntute Căndrakirona | bilaèni ambune lir gajah mati | gatêle kaya ingas ||

7. angandika Dèwi Sêkartaji | ya ta wau pan sarwi karuna | lir buta lola syarane | dhuh lae kakang brangus | lawas têmên ingsun [ingsu...]

--- [f. 54r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 106 dari 151

[...n] antèni | biyang kapriye uga | babo rama prabu | baya ta nganti punapa | awak ingsun ora pinanggihkên ugi | biyang nganti punapa ||

8. sêlak gatêl biyang bokong mami | wus alawas manira apisah | ana sêtaun lawase | kêlawan kakang brangus | pan abangêt kangên kêpati | bok aja kalorehan | kaya awak ingsun | alaki nganggo angarak | mundhak pira bok aja kakehan kênik | măngsa silih bedaa ||

9. lawan ingkang nora kêtdhang-kêtdhing[66] | têrsandhane yèn mêtêng punika | dene ta padha jêblunge | inya padha gumuyu | amiyarsa dènira angling | Rêtna Căndrakirona | pangucape rusuh | gumuyu sagunge inya | milanipun ratu mas panduka gusti | pan [pa...]

--- [f. 54v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 107 dari 151

[...n] arsa dipun arak ||

10. inggih anèng alun-alun gusti | karsanipun jêng rama andika | karsane ruwat warnane | kang kadya gajah abuh | mulih kadya warnane lami | ya ta Căndrakirona | sakit manahipun | dene dèn arani ala | Sêkartaji pisuhe apan druwili | gêro-gêro angomyang ||

11. Sêkartaji apan malangkêrik | babu inya pan wêdi lumajar | biskêrnali si dipothol | cangkêmira pan lunyu | apan ingsun wong rungik-rungik | panggene ingaranan | ala awak ingsun | si dikêpruk si dilabrak | si dicincang cuina lele ciwahi | sêmuwa orang gila ||

12. sêmuwanya orang nyang dhi sini | ingkang padha angarani ala | lah padha minggata kabèh | yèn angarani ayu [a...]

--- [f. 55r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 108 dari 151

[...yu] | si bok pantês ingsun kasihi | sun ganjar pêpanganan | pepesan bêkatul | nora nana putri ala | Sêkartaji wong ayu arungik-rungik | têka ingaran ala ||

13. jamak iki iya para nyai | pan wong jaba pantêsira ala | raimu lir bokong ingong | dhuh lae kakang brangus | lah ta age pondhongên mami | iku wong mingoh-mingoh |[67] dhasar dhenok tanggung | têka ingaranan ala | para inya guyune pating cakikik | gajah abuh amêta ||

14. tan kawarna Radèn Gunungsari | prapta munggèng ngarsane sang rêtna | sira Radèn Wukirsinom | Gunungsari wotsantun | apan sarwi lara anangis | ningali kadangira | Sêkartaji wau | dinulu kadya dênawa | Sêkartaji dêrmbane angaliwati | apan kadya [ka...]

--- [f. 55v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 109 dari 151

[...dya] rasêksa ||

15. Wukirsari amicorèng ati | kaningaya iya kaki dewa | kang nyalini kadang ingong | dene wong ayu tulus | dèn salini kaya mamêdi | lir wewe anak-anak | dhuh kakang wong ayu | dene ta nora kayaa | kakang êmbok rupane mêngkene iki | ingsun gêtun ping songa ||

16. angandika Dèwi Sêkartaji | iya mamarang [ma...]

[Ilustrasi:] Gunungsari. Cindhaga.
[Redaksi: Raden Gunungsari menghadap Dewi Cindhaga (Sekartaji gadungan).]

--- [f. 56r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 110 dari 151

[...marang] Dyan Wukirkusuma |[68] kaya gandruwo syarane | hèh sira Wukirsantun | ya panggene sira anangis | aseba marang ingwang | ing mêngko tak kêpruk | wewe alas lah minggata | jamaking wong kinongkon matur mring mami | panggene akaruna ||

17. ya ta matur Radèn Gunungsari | kakang êmbok kawula dinuta | mring kanjêng pangeran mangke | kakang Panji amundhut | ingkang sumping sinurèngpati | kakang bok kalih pasang | anulya gumuyu | sira Ni Căndrakirona | pan angguguk guyune Ni Sêkartaji | têkan silite latah ||

18. prèt-êpretan pan banjur pêtcerit[69] | sangking sukane Ni Căndrakirona |[70] abungah têkan silite | dene Dyan Marabangun | mangke têka amundhut sumping | mila Căndrakirona | bungahe kêlangkung | ya ta Radyan Wukirsêkar | dipun urut manahira sang apêkik |

--- [f. 56v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 111 dari 151

ningali ingkang raka ||

19. ya ta gupuh Rêtna Sêkartaji | nulya wau anggubah kang sêkar | lir silit babon cangkême | ya ta banjur mêcucu | kadumêlan arsa mênyanyi | Rêtna Căndrakirona | têka angsung guyu | tandhane ala wêrata | gubah sêkar têmbangane jangkung koning | dhuh kakang raja polang ||

20. para inya ewa ingkang galih | dene putri polahe mêngkana | kaya thuyul tênagane | Gunungsari andulu | sakêlangkung ewa kang galih | dene ala wêrata | dadi ala tulus | ya ta Ni Căndrakirona | angandika lah ta iki Gunungsari | iki sira aturna ||

21. marang kakang brangus dipun aglis | lan matura lamun iki sêkar | olèhku anggubah dhewe | Wukirsari wus kondur | apan ora nganggo apamit | lawan ora ngandika | mundur sarwi bêcu | datan [data...]

--- [f. 57r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 112 dari 151

[...n] kawarna sêmana | sampun prapta ing ngarsane Radèn Panji | pan sarwi awotsêkar ||

22. angaturkên ingkang sêkar kalih | lawan sira Radèn Kasatriyan | Sang Panji alon wuwuse | lah iki ariningsun | ingkang sumping sinurèngpati | payo sira anggoa | babo ainingsun[71] | sawiji kanggo maringwang | kang sawiji kanggo marang sira yayi | payo mara anggoa ||

23. ya ta sira Wasi Jayèngrêsmi | aningali wau ingkang sêkar | alatah-latah guyune | pan sarya watuk-watuk | sira Wasi Anjayèngrêsmi | apan sarwi ariyak | pan sarwi amuwus | iki uga Kasatriyan | ingkang sumping gawehane Sêkartaji | apan sarwi ariyak ||

24. sikil ingsun kang kiwa puniki | yèn gawea mangkene pan bisa | manira ta[72] sudi nganggo |[73] dumèh aku wong gunung |

--- [f. 57v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 113 dari 151

ora bisa anggubah sari | lah padha tingalana | ingsun gubah santun | payo ingsun tingalana | mêngko ingsun agubah sêkar pribadi | ingsun anjaluk sêkar ||

25. ya ta sira Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Kuda Narawăngsa | nulya gubah sêkar dhewe | dhasar satriya bagus | wasis barang karyane èstri | pan sarwi ngura-ura | gènnya gubah santun | puspa cêmêng munggèng têgal | wong Kadhiri agawe lênglênging ati | babo si gajah mêta ||

26. wus pêragat dènnya karya sumping | Ki Undhakan Kuda Narawăngsa | alatah-latah guyune | lah tingalana gupuh | iki gonku anggubah sari | ingong măngsa karia | dumèh yèn wong gunung | lah mara sira tandhinga | Kasatriyan iki gêgaweyan mami | lah mara cêpatdana[74] ||

27. Radèn Panji mèsêm sarya angling | lah ta yayi Kuda

--- [f. 58r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 114 dari 151

Narawăngsa | adhiku wong bagus dhewe | mung sira ariningsun | tuhu lamun wasis ing kardi | lah mara ariningwang | tingalana gupuh | payo sira pilihana | sêkathahe sinjang ingkang adi-adi | dodot lawan lancingan ||

28. warna-warna ingkang wastra adi | latar jingga lawan latar pêthak | latar biru lawan jêne | sêkandhi munggèng ngayun | ingkang cindhe kinèn amilih | mring Kuda Narawăngsa | pinilih sêdarum | sagunge wau kang sinjang | pan sêdaya tan ana kang dèn sênêngi | mring Kuda Narawăngsa ||

29. angandika sira Radyan Panji | Ragilkuning lah sira pundhuta | dodot ingkang sira angge | Ragilkuning umatur | apan lagya kula ompoli | mèsêm raja pinutra | pan sarwi amuwus | sênadyan mêngkono uga | iya yayi lah mara jupukên aglis |

--- [f. 58v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 115 dari 151

aturna kakangira ||

30. angandika alon Radèn Panji | alah payo yayi tingalana | mênawa gêlêm anganggo |[75] lah iki ariningsun | tilarane Ni Sêkartaji | Ki Kuda Narawăngsa | sêmona andulu | dodot sawat latar pêthak | wus tinampan Ki Wasi Anjayèngrêsmi | èsmu kadugèng manah ||

31. nadyan lungsêt warnane ta iki | ingsun uga gêlêm anganggea | jêr sênêng bêbathikane | ya ta ingkang winuwus | sira Wasi Anjayèngrêsmi | pan sampun asiyaga | sira sang abagus | Radèn Kuda Narawăngsa | pan akampuh sinjang sawat latar putih | paningsêt cindhe sêkar ||

32. sasêmone rada jungkarangin | Ki Undhakan Kuda Narawăngsa | dhasar ladak punjul dhewe | sagung ingkang andulu | marang Wasi Anjayèngrêsmi | sagung para kadeyan | rêsêp [rêsê...]

--- [f. 59r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 116 dari 151

[...p] manahipun | Ki Undhakan Narawăngsa | pan ginunggung baguse datanpa tandhing | bêranyak kuwarisan ||

33. kawarnaa wau Radèn Panji | wus siyaga sang raja pinutra | sawat rinêngga kampuhe | sabuk pêthala wungu | sira wau Rahadyan Panji | lancingan cindhe sêkar | warnane abagus | ya ta kang para kadeyan | wus siyaga sagunge kadeyan sami | wus padha bêbasahan ||

34. sêkathahe ingkang para Panji | atanapi Dyan Selakêndhaga | Dyan Gunungsari rowange | Kalang Andaga Wirun | pan sêdaya tan ana kari | Jurudoh lan Pêrsănta | apan datan kantun | sagunge wong kêradenan | lanang wadon tuwa anom gêdhe cilik | sami brăngta kasmaran ||

13. Asmaradana

1. mangkana Rahadèn Panji | budhal sangking

--- [f. 59v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 117 dari 151

kêradenan | lawan kadang kadeyane | pan sami ngiring sêdaya | marang raja pinutra | seba marang sang aprabu | Sri Naranata Jênggala ||

2. prapta ngalun-alun singgih | lampahe raja pinutra | gumêr sagung kang anonton | ing alun-alun wurahan | sagung wadya Jênggala | ing alun-alun supênuh | sore wringin kurung tembak ||

3. mangkana Rahadèn Panji | lajêng anèng ing paseban | kocapa sira sang katong | sira prabu ing Jênggala | kang arsa darbe karsa | ing jro pura pan gumuruh | apan ta sami saningga ||

4. ya ta wau sri bupati | sang aprabu ing Jênggala | lagya sineba sang katong | andhèr ingkang para putra | kadi sêkar sêtaman | warna-warna yèn dinulu | para putra ing Jênggala ||

5. kang munggèng ngarsa sang aji | Ki Patih Kudanawarsa | Panji Tohpati jajare | sira Sang Pandhita

--- [f. 60r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 118 dari 151

Rara | guru putri nèng ngarsa | kêsaru wau kang rawuh | sira Radèn Kasatriyan ||

6. sira wau Radèn Panji | lajêng sira awotsêkar | Rahadèn Panji ta mangko | sang nata alon ngandika | lah radèn alinggiha | nyawa anèng ngarsaningsun | amung sira putraningwang ||

7. rahadèn nulya alinggih | munggèng ngarsane sang nata | anikêl warti lungguhe | Wasi Kuda Narawăngsa | anulya awotsêkar | marang sira sang aprabu | alênggah munggèng ngajêngan ||

8. anèng wurine Sang Panji | Wasi Kuda Narawăngsa | sang nata alon dêlinge | mulat Kuda Narawăngsa | kumênyut tingalira | ya ta ngandika sang prabu | marang Radèn Kasatriyan ||

9. putraningsun kaki Panji | bocah ngêndi iku baya | dene abagus rupane | ingkang lênggah wurinira | iku anake sapa | Rahadèn [Raha...]

--- [f. 60v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 119 dari 151

[...dèn] Panji wotsantun | lare sangking ing aldaka ||

10. angandika sri bopati | marang Kuda Narawăngsa | arum ing pangandikane | bocah gunung sun atanya | lah sapa aranira | lawan ing ngêndi omahmu | payo nyawa lah matura ||

11. matur sarwi awotsari | Wasi Kuda Narawăngsa | atur kawula wiyose | pukulun sri naranata | inggih atur kawula | satriya sangking ing gunung | dêlape kang angsung aran ||

12. Ki Wasi Anjayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | punika kêkasih ingong | mèsêm prabu ing Jênggala | arum wijiling sabda | alah gunung awak ingsun | mèlu pêputra lan sira ||

13. lah ta iya kaki Panji | ingsun mèlu apêputra | marang sira anak ingong | kaki Kuda Narawăngsa | ingsun mèlu pêputra | Radèn Panji

--- [f. 61r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 120 dari 151

aturipun | kawula sumăngga karsa ||

14. ngandika malih sang aji | sri nalendra ing Jênggala | adhuh radèn putraningong | ingsun panggihakên sira | lawan Căndrakirona | sira bayongana[76] kulup | radèn anèng kêradenan ||

15. mangkana Rahadèn Panji | ature datan lênggona | apan sandika ature | ya ta prabu ing Jênggala | malih wau ngandika | lah ta payo anak ingsun | sira manjinga ing pura ||

16. sira panggihana kaki | rabimu Căndrakirona | lamun sira wis patêmon | iya anèng jroning pura | nuli sira bayonga | marang dalêmira iku | anèng dalêm kêradenan ||

17. ya ta nulya awotsari | rajaputra ing Jênggala | datan kari pêpatahe | Wasi Kuda Narawăngsa | tumut malêbèng pura | Ki Jurudoh datan kantun | kêlawan Menak [Mena...]

--- [f. 61v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 121 dari 151

[...k] Pêrsănta ||

18. pawongan prasamya ngiring | kêlawan raja pinutra | wau anèng ing kêtdhaton[77] | panggih putri lawan putra | kocapa jroning pura | gumuruh wong dalêm agung | apan ta sami wurahan ||

19. Rêtna Ayu Sêkartaji | wau ingkang cinarita | apan ta lagya pêpaès | ingayap sagunge inya | Sêkartaji wiraga | lir kêbo gupak dinulu | anulya amundhut kaca ||

20. ya ta Dèwi Sêkartaji | angilo amawas rupa | nulya dèn banting kacane | katingal rupane ala | Sêkartaji aduka | garoh[78] têmên kaca iku | rupa ayu dadi ala ||

21. nulya salin kaca malih | angilo amawas rupa | lir banaspati rupane | Sêkartaji mulat rupa | dene kaliwat ala | kacane nulya dèn gêpuk | ngutus malih mundhut kaca ||

--- [f. 62r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 122 dari 151

22. angilo amawas rai | rupane lir uwa-uwa | nulya dèn gêpuk kacane | iki padha kaca gila | padha garoh sêdaya | Cinane dèn kêpruk ngalu | adol kaca nora esak ||

23. rupaku wong rungik-rungik | yèn ngilo pan didi[79] ala | têlas sêkandhi kacane | kaca ingkang ginêpukan | sagunge para inya | padha amicorèng kalbu | iku wong ala wêrata ||

24. têkan atine tan bêcik | iku uga basakêna | nora karuan nêpsune | kaca dèn gawe têtiban | sêpuluh angiloa | jêr rupane kaya antu | sayêkti yèn katon ala ||

25. ya ta Dèwi Sêkartaji | anulya ngrasuk busona | sêkathahe sinjang mangko | pinilihan ingkang dawa | sêprandene mangkana | kinarya tapih tan cukup | sinjang tan kangge sêdaya ||

26. dene

--- [f. 62v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 123 dari 151

kang kinarya tapih | cindhe agêng ămba dawa | sêprandene gathuk bae | kasêmêkan jingga măngsa | dipun sambung têtiga | prandene pan ora cukup | sêngkang bapang sinamiran ||

27. gêtdhene ana sacêthing | ajamang mas kinatipa | sak wêngku kêrmbêng gêtdhene | kêlatbau kinatipa | ambane winêtara | ana sak wêngkune wakul | sampune ngrasuk busona ||

28. Rêtna Dèwi Sêkartaji | warnane lir gêtdhawangan[80] | abra murup busanane | ya ta sagung para inya | sami ngayap sêdaya | munggèng ngarsane sang ayu | Sêkartaji angandika ||

29. marang sagung para cèthi | lah biyang dene alawas | si kakang brangus dhatênge | ujare manjing jro pura | patêmon lawan ingwang | adhuh lae kakang brangus | mêngko sun pondhonge uga ||

30. babu inya nulya prapti | ya

--- [f. 63r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 124 dari 151

ta ngaturi uninga | marang Sêkartaji mangko | ratu mas raka panduka | manjing dhatêng ing pura | suwawi anggèr pinêthuk | nulya kinanthi kang asta ||

14. Kinanthi

1. Ni Sêkartaji winuwus | nulya amêthuk mring laki | ingiring sagunge inya | atanapi para cèthi | kocapa raja pinutra | kang manjing ing dalêm puri ||

2. ingiring pawongan agung | sira Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | apan nora kêna têbih | Jurudoh lawan Pêrsănta | angiring anèng ing wuri ||

3. Rahadèn Panji andulu | lamun Dèwi Sêkartaji | amêthuk anèng ing lawang | dupi arsaa kêpanggih | Sang Panji arsa mondhonga | anulya dipun dhingini ||

4. Sang Panji nulya sinambut | pinondhong mring Sêkartaji | manjing anèng dhatulaya | Rêtna Dèwi Sêkartaji | polahe lir bêbarongan |

--- [f. 63v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 125 dari 151

ngrangkul jăngga ngaras pipi ||

5. Pêrsănta lan Sadulumur | pan samya angajak titir | lah Dhayok kapriye uga | gustimu Rahadèn Panji | dèn gawa lampor alasan | payo padha dèn titiri ||

6. Pêrsănta lan Sadulumur | anulya wau atitir | ujare silih mangkana | jaluk tulung kănca bumi | gusti kêna pêngalapan | dèn gawa mring

[Ilustrasi:] Cindhaga lan Panji. Para inya.
[Redaksi: Raden Panji digendong Retna Cindaga, para emban yang melihat kaget.]

--- [f. 64r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 126 dari 151

wewe putih ||

7. inya prasamya gumuyu | mulat Ki Pêrsănta singgih | anging[81] Kuda Narawăngsa | ingsun lagi tumon iki | kancil bisa rabi gajah | têka agawok kang ati ||

8. lah kapriye paman lêmu | gustimu Rahadèn Panji | baya kalap ing tunjung bang | dèn gawa mring wewe putih | dhuh lae nora kayaa | tatane wong jaman mangkin ||

9. pritgantil krama lan bêluk | agawok rasaning ati | karêmbêng mindha kusuma | Kêsatriyan dipun liling | baya sira kêsamaran | matanira tismak dhingklik ||

10. mêngkana datan winuwus | sira wau Radèn Panji | panggih lan Căndrakirona | dèn gawa mring dalêm puri | pan sami sih-sinisihan | Panji lawan Sêkartaji ||

11. pawongan gawok andulu | polahe Ni Sêkartaji | tênagane kaya buta | sami gawok kang ningali | dene ta nora

--- [f. 64v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 127 dari 151

kayaa | gustiku Rahadèn Panji ||

12. kang wadon lir gajah abuh | tênagane lir rasêksi | pawèstri kadi wong priya | tênagane gagilani | tumon iki wong wanodya | mondhong sarwi angarasi ||

13. kang ati maras kêlangkung | mênawa ta Sêkartaji | garêgêt suruh kang manah | dèn bêthot puruse mati | dene ta kaya rasêksa | dhuh maras têmên kang ati ||

14. mangkana ingkang winuwus | Sang Prabu Jênggalamanik | ing dalu lajêng kasukan | panggihe Rahadèn Panji | ya ta sira sri nalendra | lawan para putra sami ||

15. para kadeyan sêdarum | apan ta tan ana kari | Wasi Kuda Narawăngsa | tan pisah lawan Dyan Panji | ing dalu praptèng rahina | gènnya kasukan Dyan Panji ||

16. bungah marwata sagunung | Sang Prabu Jênggalamanik | dènira kasukan-sukan |

--- [f. 65r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 128 dari 151

kêlawan kang para siwi | atandhak alaran-laran | sêkathahe para panji ||

17. sami abêksa sêdarum | munggèng ngarsane sang aji | para putra ing Jênggala | miwah mantri lan bopati | sami suka manahira | sangking lêgane kang galih ||

18. sampune kasukan wau | sang nata lan para siwi | ya ta Radèn Kasatriyan | sampune kasukan singgih | karsane Prabu Jênggala | lawan sira Radyan Panji ||

19. dèn arak nèng alun-alun | panggihe putra lan putri | sagunge para kadeyan | atanapi para Panji | para putra ing Jênggala | sêdaya sami angiring ||

20. gumêrah kang samya dulu | ing alun-alun apipit | wadya alit ing Jênggala | jibêk sami aningali | gêtdhe cilik awurahan | tanapi jalu lan èstri ||

21. mangkana ingkang winuwus | sira wau Radèn Panji |

--- [f. 65v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 129 dari 151

wau ingkang ta kang garwa | sarimbit marak sang aji | sira Radèn Kasatriyan | pinara ngarsa sang aji ||

22. samya ngujungi sang prabu | Sri Nata Jênggalamanik | Mahraja Dewakusuma | kêlangkung bungahing galih | dene wau putranira | Rêtna Dèwi Sêkartaji ||

23. sampune marak sang prabu | Dyan Panji anuwun pamit | kondur marang kêradenan | amboyongi Sêkartaji | ya ta mundur sangking ngarsa | sarimbit lan garwanèki ||

24. anulya anitih tandhu | Kusuma Yu Sêkartaji | gotong walu tandhunira | sêkathahe para cèthi | miwah ingkang para inya | sêdaya samya angiring ||

25. dèn arak ing alun-alun | wau sira Radèn Panji | ingiring para kadeyan | anitih turăngga putih | arja payung kêrtas jênar | para kadeyan angiring ||

26. gègère wadya

--- [f. 66r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 130 dari 151

gumuruh | ing alun-alun apipit | anonton pêngantèn ngarak | panggihe putra lan putri | sira Radèn Kasatriyan | lawan Dèwi Sêkartaji ||

27. mêngkana ingkang winuwus | sira wau Radèn Panji | prapta anèng kêradenan | wus manjing ing dalêm puri | ing dalu lajêng kasukan | Panji lawan para ari ||

28. dènnya kasukan sêdalu | sagung para putri ari | sira Radèn Kasatriyan | mangan anginum sawêngi | kêlawan kang para kadang | anêmbang pangkur ginêndhing ||

15. Pangkur

1. nêngêna ingkang kasukan | Radèn Panji lawan kadeyannèki | wontên malih kang cinatur | anênggih wontên mêngsah | ing Jênggala ya ta ana mungsuh rawuh | Sang Kêlona Sowandona | agung wadyabalanèki ||

2. sêdyane anggêmpur kitha | wadya sabrang sêdaya pan kinêrik | ing Jênggala pan kinêpung | bala sabrang

--- [f. 66v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 131 dari 151

akathah | samya wantêr umagut maring prang pupuh | kocapa Prabu Jênggala | sineba kang para siwi ||

3. kang tansah munggèng ngajêngan | Kyana Patih Kudanawarsa singgih | sang nata ika amuwus | kakang Kudanawarsa | lah ta iki kakang ana mungsuh rawuh | angêpung kitha Jênggala | sira paguta ing jurit ||

4. Ki Patih Kudanawarsa | pan sandika ature mring sang aji | nulya wau awotsantun | mundur sangking ngajêngan | mêdal jaba angundhangi bala agung | wadyabala ing Jênggala | punggawa lan para mantri ||

5. samya mêkajangan samya | para mantri sami anata baris | sabala sajuru-juru | kang arsa magut yuda | wadyabala apan ta samya anggêrgut | sêmana anulya budhal | sangking alun-alun sami ||

6. ambrubul sangking jro kitha | pan asêlur lampahira [lampahi...]

--- [f. 67r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 132 dari 151

[...ra] kang baris | datan kawarna ing ênu | prapta madyaning rana | wong Jênggala wus satata barisipun | kocapa wong tanah sabrang | sêmana sami ningali ||

7. lamun bala ing Jênggala | magut yuda pan sami pacak baris | wong sabrang padha anggêrgut | Kêlona Sowandona | angundhangi marang wadyabalanipun | padha mangsah ing ayuda | gumuruh kang punang baris ||

8. pan sampun ayun-ayunan | mungsuh rowang apanggih padha wani | anulya wau acampuh | wong sabrang lan wong Jawa | pan arame kang bala buru-binuru | arame sêrang-sinêrang | agênti ukih-ingukih ||

9. wong sabrang wantêr kang yuda | wong Jênggala kathah longe kang mati | wadya Jênggala kaburu | dene wadya ing sabrang | para putra Jênggala sami têtulung | sami mangsah ing ayuda | sêkathahe para panji ||

--- [f. 67v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 133 dari 151

10. Panji Sutra lan Sutrana | atanapi Dyan Panji Têpaswujil | Panji Gadhingan tan kantun | Jêjêtan lan Antunan | sira Panji Pambêrêk lawan Pamêcut | sêdaya mangsah ing yuda | apan sami golong pipis ||

11. para putra ing Jênggala | pan angamuk anèng têngahing jurit | agalong pêngamukipun | wadya sabrang kèh pêtjah[82] | wadya alit sêdaya sami kapupu | sagung ingkang para raja | pan sami tulung ing jurit ||

12. para putra ing Jênggala | para panji yudanira kalindhih | wong sabrang padha anggêrgut | sagunge para raja | padha ngungsêk pan sami ambujêng mungsuh | wong Jênggala asasaran | kalindhih gènira jurit ||

13. Ki Patih Kudanawarsa | apan kèngsêr lawan sabalanèki | ya ta kêsaput ing dalu | wadyabala ing sabrang | samya mundur manjing ing pakuwonipun [pa...]

--- [f. 68r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 134 dari 151

[...kuwonipun] | wadyabala ing Jênggala | pan sami apacak baris ||

14. ya ta enjing kawarnaa | Radèn Panji lawan kadeyannèki | lagya sineba sang bagus | lawan para kadeyan | ya ta sira wau Radèn Marabangun | pan sami miyarsa warta | yèn wontên mêngsah gêng prapti ||

15. nênggih sangking tanah sabrang | Ki Kêlona Sowandona Sang Aji | agung wadyabalanipun | sagung wadya Jênggala | pan kalindhih wadyabala pan kêplayu | ya ta Radyan Kasatriyan | pan arsa umagut jurit ||

16. sagunge para kadeyan | pan sêdaya wau dipun undhangi | kinèn asiyagèng pupuh | amapak ing ayuda | Radèn Kalang Andaga kêlawan Wirun | wus sami siyagèng yuda | akarsa umagut jurit ||

17. miwah Radèn Kasatriyan | atanapi Ki Wasi Jayèngrêsmi |

--- [f. 68v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 135 dari 151

wus sami siyagèng pupuh | ya ta raja pinutra | wus anitih kuda Radèn Marabangun | Ki Undhakan Narawăngsa | apan sampun nitih wajik ||

18. budhal sangking kêradenan | Radèn Panji arsa umagut jurit | budhal kang bala gumuruh | budhal sangking jro kitha | wong Jênggala mulat lamun rajasunu | ingkang banjêl ing ayuda | ingkang ajrih dadi wani ||

19. wus prapta madyaning rana | Radèn Panji ayun-ayunan jurit | bala sabrang sami dulu | lamun wadya Jênggala | magut ing prang wong sabrang sami anggêrgut | tandange mangangah-angah | lir singa lodra ngajrihi ||

20. ya ta bala tanah sabrang | wus saningga ayun-ayunan jurit | sêdaya pan sami purun | nulya tangkêp kang yuda | wong Jênggala pan sami prayitnèng kewuh | pasang rakite wong yuda | tan ana mundur ing jurit [juri...]

--- [f. 69r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 136 dari 151

[...t] ||

16. Durma

1. ya ta muni têngarane wong ayuda | kêndhang gong lawan bèri | gong maguru găngsa | têtêk kaya butula | anulya campuh ing jurit | surak-sinurak | rame ukih-ingukih ||

2. pan arame kang yuda sami sudira | sami wantêr kang jurit | wong Jawa lan sabrang | sami sudiranira | arame bêtdhil-binêtdhil[83] | tumbak-tinumbak |

[Ilustrasi:] Wadya sabrang. Wadya Ngurawan.
[Redaksi: Prajurit sabrang berhadapan dengan prajurit Ngurawan.]

--- [f. 69v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 137 dari 151

wênèh lêmbing-linêmbing ||

3. ramening prang tambuh mungsuh lawan rowang | rame agênti kêris | apêtdhang-pinêtdhang[84] | wau dènira aprang | tan ana kang ngucap ajrih | padha sudira | wong sabrang lan wong Jawi ||

4. kang sawênèh agênti watang-winatang | rame kêris-kinêris | myang tumbak-tinumbak | suduk-sinuduk lawan | ana kang bêtdhil-binêtdhil | candhak-cinandhak | wênèh banting-binanting ||

5. wontên malih kang aprang sêndhal-sinêndhal | awor sambating kanin | umyang lir ampuhan | riwut kang băndayuda | wong Jawa karoban jurit | pating sulayah | wong sabrang ngukih wani ||

6. kadya gêrah syarane lir gunung rêbah | surak wor bêtdhil muni | lir karênging wiyat | tanbuh mungsuh lan rowang | para kadeyan ningali | yèn wadya kathah | karepotan ing jurit ||

7. sigra tulung angamuk para kadeyan | ya ta

--- [f. 70r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 138 dari 151

Rahadyan Panji | tulung balanira | prasami ngamuk rampak | ingkang mara-mara mati | prajurit sabrang | miwah kang nandhang kanin ||

8. ingkang wuri wong sabrang barêng amara | angamuk galong pipis | Dyan Panji rinêbat | apan nora katingal | pra kadeyan angamuki | tumpês wong sabrang | kang mara-mara mati ||

9. sirna larut tan ana măngga puliha | lumayu ngungsi urip | Klona Wanèngbaya | mulat balane têlas | bramatya ngawaki jurit | ngamuk payudan | wong Jênggala kèh mati ||

10. pra kadeyan aprange sami kasoran | Panji Anom pan aglis | prang lan Wanèngbaya | dangu ramening yuda | Wukirsari anulungi | sigra tinumbak | Wanèngbaya wus kanin ||

11. ya ta rêbah murdane sampun tinigas | marang sira sang pêkik | Radèn Lêmpungkaras | mundur sangking payudan |

--- [f. 70v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 139 dari 151

sirah katur Radèn Panji | wong sabrang bubar | numpak baris ginêndhis ||

17. Dhandhanggula

1. sampun sirna mungsuh sabrang sami | Radèn Panji mundur sing payudan | dèn iring pra kadehane | rawuh ngarsa sang prabu | atur sêmbah Rahadèn Panji | dhumatêng ing sudarma | ngandika sang prabu | sang nata alon ngandika | adhuh radèn amung sira putra mami | lah nyawa alinggiha ||

2. Radèn Panji anulya alinggih | wau anèng ngarsane kang rama | sang nata pangandikane | dhuh kaki putraningsun | baya sira mêntas ajurit | paran wartane baya | nyawa puraningsun | kaki gonira ayuda | mungsuh sabrang sami prawira ing jurit | ing mangke kayaparan ||

3. ya ta matur sarya awotsari | Radèn Panji marang ingkang rama | alon ing pangandikane | pukulun sang aprabu | mêngsah

--- [f. 71r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 140 dari 151

dalêm wong tanah kawis | kang sami ngêpung kitha | sagunge kang mungsuh | wus sami sirna sêdaya | bala sabrang sêdaya tan ana wani | lumayu manjing wona ||

4. langkung bungah wau sri bopati | sri nalendra prabu ing Jênggala | dene wus sirna mungsuhe | wong sabrang kang angêpung | anèng nêgri Jênggalamanik | Kêlona Sowandona | apan wus lumayu | aprang lan raja pinutra | sêkathahe kang para kadeyan sami | kathah angsal bandhangan ||

5. atanapi Wasi Jayèngrêsmi | papan[85] kathah angsale bandhangan | waos kêlawan bêtdhile | katur marang sang prabu | Sri Nalendra Jênggalamanik | mèsêm sarwi ngandika | adhuh putraningsun | kaki Kuda Narawăngsa | wong abagus sêmbada prawirèng jurit | agung ingkang bandhangan ||

6. tan kawarna wau Radèn Panji | sampun budhal [bu...]

--- [f. 71v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 141 dari 151

[...dhal] sangking ngarsa nata | sang nata manjing kêtdhaton |[86] Radèn Panji winuwus | apan kundur mring dalêmnèki | lawan para kadeyan | angiring sêdarum | prapta dalêm kêradenan | kang kocapa nini Dèwi Sêkartaji | kang anèng dalêm pura ||

7. Sêkartaji lara gènnya nangis | gêro-gêro lir tinêluh setan | anangisi mring lakine | dhuh lae kakang brangus | têka nganggo mèlu ajurit | dadi apa matia | adhuh kakang brangus | cèthine buri kelangan | eman bae wong bagus kêpati-pati | matia têngah ngrana ||

8. pasthi ingsun edan andalêming | saba pasar pêsthi aku wuda | kopèkku tak êlèr bae | dhuh lae kakang brangus | sapa ingkang sun ilik-ilik | sapa kang ingsun aras | adhuh kakang brangus | ya ta kêsaru [kês...]

--- [f. 72r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 142 dari 151

[...aru] ni êmban | prapta atur wikan marang Sêkartaji | ature Bok Pantês ika |[87]|

9. marang wau Dèwi Sêkartaji | dhuh ratu mas kawula tur wikan | raka panduka wiyose | Rahadèn Marabangun | mangke prapta amagut jurit | manjing ing dhatulaya | gusti dika pêtthuk[88] | kagèt Ni Căndrakirona | gobak-gabik kêlangkung bungah kang ati | gabêr-gabêr lir warak ||

10. gya lumampah Dèwi Sêkartaji | karsanira mêthuk ingkang raka | sêleyoran ing lampahe | pan sarwi gadruk-gadruk | bakongira anglir wong titir | sagunge para inya | sami suka dulu | gustine kaya wong edan | para inya gumuyu angurut ati | dhuh lae ra kayaa ||

11. tan kawarna Dèwi Sêkartaji | sampun prapta pintu kagok pisan | amêthuk marang kakunge | Rahadèn Marabangun [Ma...]

--- [f. 72v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 143 dari 151

[...rabangun] | dupi prapta anèng ing kori | ya ta raja pinutra | anulya sinambut | pinondhong cemot sêmana | Radèn Panji rinangkul dipun ambungi | marang Căndrakirona ||

12. ya ta gawok sagung para putri | aningali maring gustinira | dene mêngkono polahe | têmbe ingsun andulu | aningali wong laki rabi | paran ta nora nana | kaya gustiningsun | midêra maring Pêtcinan[89] | Kaligawe loji kabèh ta puniki | măngsa silih anaa ||

13. kaya gustiningsun Sêkartaji | têka anèh gone palakrama | amondhong marang kakunge | yèn bênêre wong kakung | ingkang mondhong marang pawèstri | tan kaya Biyang Sopla | lakine sinambut | pinondhong sarwi ngambungan | nora talah kusuma Ni Sêkartaji | polahe lir dênawa ||

14. ya ta sira wau Radèn Panji [Pa...]

--- [f. 73r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 144 dari 151

[...nji] | sêkêlangkung bauting asmara | rinungrum wau garwane | datan pêgat angimur | sira wau Ni Sêkartaji | ya ta Căndrakirona | asru dènnya muwus | aja kakehan sêrnggara | kakang brangus aku uga sêlak ngêlih | lah age têrajanga ||

15. tan kawarna sira Radèn Panji | ingkang sami apulang asmara | wau kêlawan garwane | sampunnya mulang lulut | nulya wau miyos tinangkil | sineba pra kadeyan | andhèr munggèng ngayun | samya munggèng ing ngajêngan | angandika sira wau Radèn Panji | marang para kadeyan ||

16. hèh sakèhe para kadang mami | alah payo padha amisaya | ulam anèng wona mangke | padha misaya iku | kidang banthèng kêlawan kancil | miwah ingkang mênjangan | atanapi sênuk | para kadeyan sêdaya | pan sandika ature

--- [f. 73v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 145 dari 151

mring Radèn Panji | sagung para kadeyan ||

17. miwah sira Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Kuda Narawăngsa | kêlangkung bungah manahe | babêdhag ing wana gung | Ki Jurudoh pan datan kari | angiring gustinira | anèng ing wana gung | kêrik wadya kêradenan | kang sawênèh ambêta kala lan jaring | padha amasang kala ||

18. kang sawênèh padha masang jaring | sêkathah kang para kadeyan |[90] wus manjing ing wona mangko |[91] gêropyok ing wana gung | sêkathahe buron wanadri | kidang lawan mêngjangan | banthèng lawan lêmbu | sira Radèn Kasatriyan | lawan sira Ki Wasi Anjayèngrêsmi | langkung bungahing nala ||

19. wadya ingkang samya masang jaring | langkung kathah wau angsalira | akathah ulam angsale | ya ta wau winuwus | kondurira sangking wanadri | para putra sêdaya | wus kumpul sêdarum [sêda...]

--- [f. 74r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 146 dari 151

[...rum] | kondur anèng kêradenan | para putra sêdaya sami angiring | dhatêng putra Jênggala ||

20. duk sêmana sira Radyan Panji | karsanira arsa awayangan | lawan kadang kadehane | nalikanira dalu | ingkang para kadeyan singgih | pan sampun ingundhangan | lawan rajasunu | Ki Punta lawan Kêrtala | Ki Pêrmadi pan sampun dipun prentahi | kinèn nata gamêlan ||

21. sarta lawan kinèn masang kêlir | Radèn Panji arsa aringgitan | kêlawan para kadange | ya ta ingkang winuwus | apan sampun amasang kêlir | gumêr wong kêradenan | ingkang nonton agung | dene ta raja pinutra | Radèn Panji ing dalu mangke puniki | pan arsa rêringitan[92] ||

22. mangke uga sampun masang kêlir | Radèn Kalang ingkang nabuh kêndhang | Ki Punta nabuh êgonge |

--- [f. 74v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 147 dari 151

Wirun anabuh kêmpul | Lêmpungkaras sarone singgih | Jurudoh lan Pêrsănta | kêtcèr[93] lawan kêthuk | gêndère Dèwi Onêngan | ingkang dadya dhalange gènira ringgit | Rahadèn Wukirsêkar ||

23. ya ta sira wau Radèn Panji | wus pinarak anèng kêradenan | anèng jawi kêlir mangko |[94] gumêr wong kang andulu | sira Wasi Anjayèngrêsmi | Undhakan Narawăngsa | suka dènnya dulu | mulat ing Căndrakirona | yèn sinawang warnane lir wewe putih | lênggah lir bêbangkokan ||

24. angandika Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Kuda Narawăngsa | alatah-latah guyune | Sêkartaji sun dulu | dene kaya wewe nusoni | ulate yèn sun sawang | kaya kokokbêluk | nora kaya Kêsatriyan | dene têka rabi olih wewe putih | babo nora

--- [f. 75r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 148 dari 151

kayaa ||

25. yèn mungguha kaya awak mami | gajah abuh iku Kasatriyan | apan ingsun wêdalake | rasane atiningsun | kaya olih wadal sêtali | lamun dèn pupokêna | marang pasar agung | sun duga măngsa luputa | gajah abuh pupokna uwi gêmbili | jagung lawan kêtela ||

26. malah akèh kang padha ningali | Cina Koja kêlawan Wêlănda | dèn jaluki pamêtune | rasane atiningsun | wong sawiji bayar sêtdhuwit[95] | praptèng alam sadina | pêsthi olèh suku | nyumbang kinarya bêlănja | sêprandene anèng omah Sêkartaji | pangane tan kêtjamak[96] ||

27. Sêkartaji sakit ingkang galih | sêdangune apan pinoyokan | lawan dèn sêmoni bae | Sêkartaji anggêru | pênangise Ni Sêkartaji | pan kaya buta lola | sarwi bêkar-bêkur | silite pan mêngkap-mêngkap [mêng...]

--- [f. 75v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 149 dari 151

[...kap-mêngkap] | Sêkartaji jêrit sarwi kapêtcerit[97] | sosote lir gurantang ||

28. adhuh lae Si Gunung wong baring | si dikêpruk lae si dilabrak | si digantung geyang-geyong |[98] si ditêluh ing antu | si dipanjêr dipun barisi | tinumbak dilêlabrak | adhuh kakang brangus | Si Gunung sira tundhunga | gawe apa angingu pêryayi baring | măngsa kirang satriya ||

29. iku uga tan ngenak-enaki | asu Gunung iku nora layak | gawene mêmancah bae | pan nora suka ingsun | duwe mantri satriya wukir | unine nora enak | cêlathune kaku | atine pan iku jawal | mêgatake Si Gunung wong laki rabi | kakang rika tundhunga ||

30. gadruk-gadruk Dèwi Sêkartaji | gya tinulung marang lakinira | Sang Panji alon wuwuse | dhuh mirah jiwaningsun | uwong kuning sêkar [sê...]

--- [f. 76r] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 150 dari 151

[...kar] balimbing | gustine Kasatriyan | ratune wong ayu | gusti lah mara mèndêla | saunine lah yayi aja ngladèni | ingajak pagujêngan ||

31. ya ta latah Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Kuda Narawăngsa | asuka-suka guyune | kaya si gajah abuh | lagi mêta rara kang ati | margane pinoyokan | sakit manahipun | tandhane lamun amêta | gajah abuh tulalene mobat-mabit | tulale anèng dhadha ||

32. bodho têmên olih laki rabi | Kêsatriyan duwe gajah mêta | jamak dèn êlus atine | apan sarwi dèn ngungrum | sira Panji ingsun wuruki | angungrum rabinira | lah turutên ingsun | mangkana ta mangke baya | amung iki wong ayu sawang mamêdi | antênge kaya gajah ||

33. wong acèthi kaya gajah mati | wong alênjang

--- [f. 76v] ---

Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17): Citra 151 dari 151

kaya bêtdhawangan | wong dhenok asawang gênthong |[99] kuninge kaya lutung | rikmanira lir banaspati | raine lir wa-uwa | sêmune lir antu | ulate kaya janggitan | yèn sinawang kaya wewe anusoni | kopèk lir wadhah lênga ||

34. Sêkartaji nulya ngajak mulih | kakang brangus payo manjing pura | angur padha turu bae | bari mênthila susu | gawe apa anonton ringgit | anguran aturua | kakang anèng kasur | Sang Panji ika angêrpa | ingkang garwa tan pêgat ingarih-arih | dhasar putra sri nata ||

 


Judul rak asli naskah ini adalah "Panji romance", dan berdasarkan isinya diubah menjadi "Panji Marabangun" oleh Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
Lebih satu suku kata: têlu likur tanggalnya. (kembali)
Tanggal: Sêtu Wage têlu likur (23) Ruwah Jimawal: sèwu wolung atus ika suwidak papat (AJ 1864). Ada kebingungan mengenai tanggal Jawa ini dan padanan Masehinya berikut ini. (kembali)
Tanggal: pitu (7) Mèi sèwu wolung atus suwidak langkung satunggal (1861). (kembali)
sastra. (kembali)
Lebih satu suku kata: dohna godha rêncona. (kembali)
Lebih satu suku kata: sarta paringana kuwat. (kembali)
Murbèng. (kembali)
Kata "sêtjarahe" [sêjarahe] dan sejumlah kata lainnya, misalnya: bêtthara [bêthara], kêtdhatun [kêdhatun], Kêtdhiri [Kêdhiri], pêtjah [pêjah], sêtjati [sêjati], wêtcana [wêcana] dan lain-lainnya, adalah gaya ejaan penulis/penyalin naskah ini. Ejaan kata-kata tersebut mengikuti lafal (penulis) dan bukan kaidah ejaan bahasa Jawa. Untuk selanjutnya, variasi ejaan tersebut akan ditranskripsi sebagaimana adanya dengan catatan kaki yang menunjukkan ejaan Jawa baku hanya pada kemunculan pertama setiap variasi. (kembali)
10 nêgari. (kembali)
11 Căndrakirona. (kembali)
12 winêjang. (kembali)
13 bêja (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
14 têdha (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
15 Pêjagalan (dan di tempat lain). (kembali)
16 gêdhe (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
17 nini. (kembali)
18 sênggara. (kembali)
19 kapêdhak (dan di tempat lain). (kembali)
20 Variasi: pagene (dan di tempat lain). (kembali)
21 sumêdhot (dan di tempat lain). (kembali)
22 akêdah. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: Skartaji tiron wau. (kembali)
24 bêthara (dan di tempat lain). (kembali)
25 Variasi: rungih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
26 tênggaknya. (kembali)
27 kêdhatun (dan di tempat lain). (kembali)
28 Kurang satu suku kata: sangking karadenan sang dèwi. (kembali)
29 bêdhawangan (dan di tempat lain). (kembali)
30 Lebih satu suku kata: sdina mangan ping songa. (kembali)
31 Ragilkuning. (kembali)
32 Biasanya guru lagu e: kalèh. (kembali)
33 lawan. (kembali)
34 Panji. (kembali)
35 nêpsune. (kembali)
36 sêjatine (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
37 andrês. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: tan wruh ra-gara sangkane. (kembali)
39 copot. (kembali)
40 sêjagat. (kembali)
41 nêdha. (kembali)
42 coh-kêcoh. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: ngak-langak yèn lumaris. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: nang wadon gêdhe cilik. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: rujak terong sun rani. (kembali)
46 sami. (kembali)
47 rokok (dan di tempat lain). (kembali)
48 gambir. (kembali)
49 Lebih satu suku kata: gambir gambir salangan. (kembali)
50 cêcakruk. (kembali)
51 Kêdhu. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: na bêtja ana sial. (kembali)
53 acincing. (kembali)
54 jojok. (kembali)
55 Biasanya guru lagu e(o): ênang-ênong. (kembali)
56 ngrêngga (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
57 amrênggi. (kembali)
58 anyêpêng. (kembali)
59 waoni. (kembali)
60 sakêdhap. (kembali)
61 kabêcikan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
62 Kurang satu suku kata: ujare apan mêngkana. (kembali)
63 Dèwi. (kembali)
64 wêcaa. (kembali)
65 agêcos. (kembali)
66 kêdhang-kêdhing. (kembali)
67 Biasanya guru lagu a. (kembali)
68 Lebih satu suku kata: iya marang Dyan Wukirkusuma. (kembali)
69 pêcerit. (kembali)
70 Lebih satu suku kata: sangking sukane Căndrakirona. (kembali)
71 ariningsun. (kembali)
72 tan. (kembali)
73 Biasanya guru lagu e: ngangge. (kembali)
74 cêpadana. (kembali)
75 Biasanya guru lagu e: angangge. (kembali)
76 boyongana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
77 kêdhaton (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
78 goroh (dan di tempat lain). (kembali)
79 dadi. (kembali)
80 gêdhawangan. (kembali)
81 angling. (kembali)
82 pêjah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
83 bêdhil-binêdhil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
84 apêdhang-pinêdhang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
85 apan. (kembali)
86 Biasanya guru lagu e. (kembali)
87 Lebih satu suku kata: ture bok pantês ika. (kembali)
88 pêthuk. (kembali)
89 Pêcinan. (kembali)
90 Kurang satu suku kata: sêkathahe kang para kadeyan. (kembali)
91 Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali)
92 rêringgitan. (kembali)
93 kêcèr (dan di tempat lain). (kembali)
94 Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali)
95 sêdhuwit. (kembali)
96 kêjamak. (kembali)
97 kapêcerit. (kembali)
98 Biasanya guru lagu e. (kembali)
99 Biasanya guru lagu e. (kembali)