Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 18-36)
1. | Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 18-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 37-54). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
» | Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Ringkasan). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 76v lanjutan] ---
18. Sinom
1. ya ta datan kawarnaa | Radèn Arya Wukirsari | wus manggung dènnya awayang | suluke agalik-galik | pinirsa angsung brangti | sasêndhone angsung wuyung | sagung wong kêradenan | ingkang mulat lênglêng brangti | kang anonton sêdaya sami kasmaran [kasmar...]
--- [f. 77r] ---
[...an] ||
2. lêlakone Narawăngsa | rahadèn dènnya aringgit | mujar Kuda Narawăngsa | lah ta yayi Gunungsari | sira lèrèna yayi | gonira amayang iku | ingsun pan nora mada | gonira carita yayi | iya uga mêksih kurang sêmonira ||
3. Rahadèn Wukirkusuma | sandika ature singgih | nulya lèrèn gènnya mayang | sira Wasi Jayèngrêsmi | wau ingkang gêntèni | anulya wau amanggung | Ki Kuda Narawăngsa | caritane galik-galik | sasêndhone kaya dhalang Salatiga ||
4. dhasar ladak kuwarisan | Ki Wasi Anjayèngrêsmi | paningsête jingga loka | rêspati kuluk barênci | dhuwung tinaturanggi | wêrăngka cêndhona arum | ukiran gigi liman | moglèng-moglèng amantêsi | dhasar ladak ki wasi wasis carita ||
5. rêspati anyêkêl [anyê...]
--- [f. 77v] ---
[...kêl] wayang | sulukira galik-galik | kang miyarsa lênglêng brăngta | dhatêng Wasi Jayèngrêsmi | wontên prawan sawiji | anangis sarya anggulung | biyang anjaluk krama | ingkang kaya Jayèngrêsmi | biyang-biyang suthik laki wong bêlayang ||
6. sêkathahe para inya | sêdaya prasamya kingkin | mulat Kuda Narawăngsa | sasêndhone dudut ati | wong jaba samya brangti | wêlanjar pêrawan kêncur | răndha miwah camahan | sêdaya sami prihatin | kang sawiji aniba sarya karuna ||
7. lakon Kuda Narawăngsa | kalane Ni Sêkartaji | musna sangking pagulingan | Sang Panji langkung prihatin | sagung ingkang ningali | sami ngêrês manahipun | Rahadèn Kasatriyan | kêrasa wau kang galih | gènnya crita anggêpok putri Jagalan ||
8. icale Căndrakirona | nênggih wontên kang winarni | putri sangking
--- [f. 78r] ---
Bêtjagalan[1] | wastane Ni Wadalwardi | punika ngunggah-unggahi |[2] mring Kasatriyan Sang Bagus | ngaku Căndrakirona | wêkasan sampun kêpanggih | langkung asih sira Radèn Kasatriyan ||
9. ing mangke putri Mamênang | kang noma Ni Sêkartaji | apan ta lagi sinamar | marang dewa ingkang luwih | ing besuk timbul malih | yèn wus dugi lakonipun | sapa ingkang wêruha | mung ki dhalang kang udani | awêkasan Dyan Panji alon ngandika ||
10. alon wijiling wêtcona[3] | sarwi ngayok-oyok[4] kêlir | yayi Kuda Narawăngsa | dèn tatak sira aringgit | nuli wêdalna aglis | manira pan arsa wêruh | Panji lawan Kirona | patêmone iku yayi | lah ta payo yayi Kuda Narawăngsa ||
11. ya ta asru angandika | Ki Wasi Anjayèngrêsmi | sapa ta wonge punika | ingkang ngoyok-ayok[5] kêlir | yèn rubuh kêlir mami | tur mêngko
--- [f. 78v] ---
sira sun suduk | kêris ingsun tinatah | mandine kêpati-pati | tatunira tur katutan gêtih nanah ||
12. mujar Radèn Kasatriyan | yayi Wasi Jayèngrêsmi | amung sira ariningwang | sêtjatine ingsun yayi | kang ngoyok-oyok kêlir | sêtjatine ayun wêruh | Panji lawan Kirona | sira wêdalêna yayi | anauri yayi Kuda Narawăngsa ||
13. lah durung wayahe uga | wêtune Kirona Panji | mêngko uga Kasatriyan | antèkna ing têngah wêngi | wêtune Kirona Panji |[6] mêngko uga têngah dalu | ya sira amênênga | aja ngaru-aru mami | aja sira angregoni wong awayang ||
14. kandhêk sang raja pinutra | ya ta Wasi Jayèngrêsmi | anutukakên carita | suwarane galik-galik | sagung ingkang ningali | sami brăngta manahipun | Jurudoh lan Pêrsănta | wong roro pating arêkis |
--- [f. 79r] ---
Ki Jurudoh gènnya ngantuk arenggotan ||
15. dèn sêbrot kopyahe kêna | Ki Jurudoh muring-muring | anulya asalin kopyah | Jurudoh angantuk maning | kopyahe dèn sêbrot malih |[7] Ki Jurudoh langkung nêpsu | dene kathah sêbrotan | Ki Jurudoh muring-muring | duk sêmana Jurudoh andarbe akal ||
16. dipun pulas gundhulira | ing ênjêt kêlawan kunir | sarta lawan angus lênga | samar tan ana udani | dèn nyana kopyah yêkti | nabuh kêtcèr manggut-manggut | pan sarwi asêsumbar | lah payo sêbrotên maning | Ki Jurudoh apan dadi gagujêngan ||
17. nulya ngantuk arenggotan | dèn arah dèn sêbrot malih | raine malah kalênggak | kopyahe pan nora kêni | Jurudoh asru angling | lah pindhonên kaping têlu | bangsate wong Sêmarang | julike kêpati-pati | dèn ping pata kopyahku [ko...]
--- [f. 79v] ---
[...pyahku] măngsa kênaa ||
18. sira Ki Menak Pêrsănta | kêlangkung panas kang ati | Ki Jurudoh langak-langak | nantang akèn nyêbrot malih | ya ta wau dèn incih | Jurudoh anulya ngantuk | apan ta arenggotan | Jurudoh pêngantuknèki | Ki Pêrsănta anulya wau prayitna ||
19. dipun thuthuk gundhulira | jumbul nulya ngantuk malih | dhangak-dhangak rarenggotan | anulya dèn thuthuk malih | angantuk-ngantuk dèn thuthuk |[8] maring Ki Pêrsănta iku | wau ta kagèt punika |[9] Jurudoh kaku kang ati | nulya niba anangis agagulungan ||
20. kang mulat padha alatah | sira Wasi Jayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | wau dènira aringgit | kang mulat sami brangti | akathah bêbanyolipun | kang tansah sinêmonan | amung Dèwi Sêkartaji | dadya merang mantuk [ma...]
--- [f. 80r] ---
[...ntuk] marang dalêm pura ||
21. Panji pan kantun priyăngga | tansah ngoyok-oyok kêlir | yayi Kuda Narawăngsa | pan ingsun arsa udani | Sarak kêlawan Panji | payo wêdalêna gupuh | lan malih arsa wikan | babare Kirona Panji | anauri Wasi Kuda Narawăngsa ||
22. lah ta Panji sabarêna | pan durung mangsane ugi | babare Căndrakirona | babare Sarak lan Panji |
[Ilustrasi:] Kuda Narawăngsa. Panji.
[Redaksi: Kuda Narawangsa berbincang-bincang dengan Raden Panji.]
--- [f. 80v] ---
pan mêngko lingsir wêngi | sayêktine wêtunipun | Panji sira mênênga | lah aja ngandhêk-andhêgi[10] | wong awayang bingung olihku carita ||
23. ya ta Radèn Kasatriyan | kang rayi dipun parani | wau dènira awayang | Sang Panji ngandika aris | dhuh ariningsun gusti | Ki Wasi Anjayèngsantun | mung sira ariningwang | pan ingsun arsa udani | yayi wasi babare Kirananira ||
24. Sang Panji tansah ngrarêpa | Ki Wasi Anjayèngrêsmi | sêmana arsa ingaras | mengo sarwi anginggati | Ki Wasi Jayèngrêsmi | asru dènira amuwus | Panji aja sumbrana | pan ingsun dudu pawèstri | sira aras manira măngsa gêlêma ||
25. tur mêngko kapêradangan | ingsun suduk sira mati | dhasar kêrisku tinatah | mandine kêpati-pati | mujar Rahadèn Panji | adhuh mirah ariningsun | gusti
--- [f. 81r] ---
iya pun kakang | apan ta arsa udani | ing babare lah yayi Kirananira ||
26. Wasi Kuda Narawăngsa | tansah amicorèng galih | kayaparan polah ingwang | dene ta mangke Si Panji | karsane anêmêni | angukih Kirananipun | dadi apa wak ingwang | yèn pinêksa mring Si Panji | dadi apa babar anèng ing wayangan ||
27. katok uga awak-awak ingwang |[11] mêmancah wong laki rabi | mendah ta ucaping jalma | baya sun pilaur mati | dèn ucap padha jalmi | baya ingsun plaur lampus | wirang padhaning jalma | yèn kêlakon awak mami | kêlakona babar anèng ing wayangan ||
28. Wasi Kuda Narawăngsa | wuwuse arum amanis | lah Panji ingsun karipan | wayahira wis awêngi | ingsun kaliwat arip | apan ta arsa aturu | sayêkti benjang-enjang |
--- [f. 81v] ---
ingsun tutugêne malih | pêsthi uga babare Căndrakirona ||
29. iya Panji bangun enjang | babare Kirona mami | lah Panji sira muliha | rabimu Si Sêkartaji | dangu dènnya ngantèni | lah iya si gajah abuh | mênawa banjur mêta | lah ta payo padha mulih | wis lêbaran sayêkti ing benjang-enjang ||
30. sun tutugêne awayang | panggihe Sarak lan Panji | bangun esuk nuli babar | lah ta payo padha mulih | ya ta Rahadèn Panji | alon dènira amuwus | lah iya ariningwang | yayi Wasi Jayèngrêsmi | padha mulih manira yayi karipan ||
31. nanging yayi benjang-enjang | sira tutugêna maning | manira pan arsa wikan | babare Kinona[12] Panji | Ki Wasi Jayèngrêsmi | alon dènira amuwus | ya Panji sabarêna | manira arsa aguling | rajaputra alon wijiling wêtcona ||
--- [f. 82r] ---
19. Mijil
1. lah ta payo yayi padha mulih | langkung arip ingong | nanging poma benjang enjang bae | tutukêna gènira aringgit | ya ta Radèn Panji | manjing ing kêtdhatun ||
2. atanapi Wasi Jayèngrêsmi | wus sami makuwon | ingkang nonton padha bubar kabèh | miwah para kadehane Panji | sêdaya wus mulih | mring pakuwonipun ||
3. kang kocapa sira Radèn Panji | ingkang angêtdhaton | datan pêgat angungrum garwane | Kusuma Yu Dèwi Sêkartaji | sangêt gènnya runtik | wau marang kakung ||
4. ingkang dadi runtike sang dèwi | gènira nênonton | datan pêgat pinoyokan bae | milanipun Sêkartaji runtik | ya ta Radèn Panji | tan pêgat angimur ||
5. nulya lênjar[13] manahe sang dèwi |
--- [f. 82v] ---
rinêpa sang sinom | kawarnaa Sang Panji ta mangke | sampun sare jalu lawan èstri | ya ta kang kawarni | sira sang abagus ||
6. ya ta sira Wasi Jayèngrêsmi | ingkang winiraos | sêsarean tunggal lan arine | ingkang aran Dèwi Ragilkuning | pan sampun aguling | pungkur dalêm kidul ||
7. pukul tiga wayahe kang wêngi | pan wus sidhêm kayon | pan wong dalêm sami turu |[14] miwah sira Dèwi Ragilkuning | pan sampun aguling | kusumaning ayu ||
8. pan tumurun Wasi Jayèngrêsmi | pan sarwi miraos | lah karia ariningsun anggèr | Ragilkuning sira ari mami | karia ta gusti | pun kakang anglangut ||
9. witning ingsun yayi Ragilkuning | bangêt trisnaningong | marang sira alah kaya priye | sampun prapta lêlakone yayi | iya awak mami | karia wong ayu ||
10. ingsun yayi arsa majang sari | awona [awo...]
--- [f. 83r] ---
[...na] anglamong | aja takon marang ingong anggèr | apan ingsun anèng ing wanadri | adhuh ari mami | karia wong ayu ||
11. wus tumurun Wasi Jayèngrêsmi | sangking ing pakuwon | mêdal lawang pêpungkuran mangke | apan anjog anèng taman sari | tan ana udani | wayah lingsir dalu ||
12. ya ta sira Wasi Jayèngrêsmi | sangking ing pakuwon | anèng pandhansurat ing pêrnahe | pan ing kono gènnya salin warni | Dèwi Sêkartaji | ruwat rupa jalu ||
13. sampun warni Dèwi Sêkartaji | warnane sang anom | nanging sang dyah asangêt wirange | yèn muliha anèng ing Kadhiri | utawane malih | mantuk ing kêtdhatun ||
14. upamane kaya awak mami | babar nèng kêtdhaton | mendah dene baya pocapane | amêmancah ing wong laki rabi | baya awak mami | bangêt wirang ingsun ||
--- [f. 83v] ---
15. ya ta sira Dèwi Sêkartaji | sang liring kêtdhaton | wus angambil Pandhansurat mangke | pan tinulis ing kênaka singgih | jawabe kang tulis | sun wikan ing wuyung ||
20. Asmaradana
1. Ki Wasi Anjayèngrêsmi | Ki Undhakan Narawăngsa | lah ta ika sêtjatine | Sêkartaji ingkang nyata | mulane Kasatriyan | manira pan angsung wêruh | yèn trisna sira nusula ||
2. ya ta Dèwi Sêkartaji | pêparab Citralangênan | wus kèngsêr sangking pêrnahe | busona sami tinilar | anèng ing pandhansurat | mangkana ingkang winuwus | kocapa Dèwi Onêngan ||
3. sang rêtna wau ngalilir | kagèt kadange tan ana | Ni Ragilkuning ta mangko | Wasi Kuda Narawăngsa | anulya ingulatan | anèng ing pêpungkuran wau |[15] ki wasi pan nora nana ||
4. pasêkaran dèn ulati | ki wasi pan nora [no...]
--- [f. 84r] ---
[...ra] nana | Ni Ragilkuning ta mangko | arsa matur mring kang raka | rajaputra Jênggala | manjing pêsareanipun | Sang Panji mêksih anendra ||
5. ingoyok padane kalih | lah kakang dika wungua | ari panduka ing mangke | kakang Kuda Narawăngsa | kakang pan nora nana | Radèn Panji kagèt wungu | ya ta nuli angandika ||
6. sira yayi Ragilkuning | yayi apa gawenira | sira anggugah maringong | apa yayi gawenira | matur Dèwi Onêngan | wau marang kadangipun | kawula atur uninga ||
7. kakang Wasi Jayèngrêsmi | lah ta inggih nora nana | kula tan wikan parane | kakang Kuda Narawăngsa | dene ta nora nana | Rahadèn Panji amuwus | yayi mênawa têtoya ||
8. marang ing bèji ta yayi | matur Ni Dèwi Onêngan | atur kawula wiyose | apan ta nora nana [na...]
--- [f. 84v] ---
[...na] |[16] sampun kula pariksa | Sang Panji alon amuwus | mênawa mring pêtamanan ||
9. matur Dèwi Ragilkuning | pêtamanan nora nana | kawula ulati kabèh | ya ta sang raja pinutra | nulya mêdal ing jaba | para kadeyan sêdarum | apan sami ingandikan ||
10. munggèng ngarsane Sang Panji | Ki Punta lawan Kêrtala | Ki Pêrmadi nèng ngarsane | mujar Radèn Kasatriyan | lah padha ulatana | yayi wasi dèn katêmu | anèng ing jro pêtamanan ||
11. sandika ature singgih | Punta kêlawan Kêrtala | anulya kesah ta mangko | angoyak ing pêtamanan | miwah raja pinutra | angulati arinipun | Wasi Kuda Narawăngsa ||
12. ing taman dipun ulati | kêlayan raja pinutra | Ki Pêrsănta lan Jurudoh | cêlak-cêluk anèng taman | ingkang para kadeyan [ka...]
--- [f. 85r] ---
[...deyan] | ya ta Radèn Marabangun | kèndêl anèng pandhansurat ||
13. sarwi wau aningali | busanane arinira | pan sarwi tinilar kabèh | anèng sore pandhansurat | nulya wau tumingal | sira Radèn Marabangun | saluhure pandhansurat ||
14. busananira kang rayi | wau tinumpangan layang | anulya winaca mangko | marang Radèn Kasatriyan [Kasatri...]
[Ilustrasi:] Bancak. Dhayok. Panji.
[Redaksi: Raden Panji sedang membaca surat, Bancak dan Dayok duduk dihadapannya.]
--- [f. 85v] ---
[...yan] | ungêle wus kadhadha | ingkang mindha warna kakung | èstu Ni Căndrakirona ||
15. ya ta sira Radèn Panji | sampunira maos sêrat | sumaput wau panone | niba anuli kantaka | Rahadèn Kasatriyan | purwa duksena tan emut | rajaputra ing Jênggala ||
16. Ni Ragilkuning anangis | nungkêmi padane raka | Ki Pêrsănta lan Jurudoh | kalihe sami karuna | galolo tangisira | anangisi gustinipun | Sang Panji mêksih kantaka ||
17. ya ta Radèn Wukirsari | kalih Radèn Carangwaspa | kalih sumungkêm padane | alara dènnya karuna | pangeran awungua | dhuh pangeran sanak ingsun | lah apa karane baya ||
18. para kadeyan wus prapti | Punta kêlawan Kêrtala | padha nungkêmi padane | ya ta sira Menak Punta | nora bisa [bi...]
--- [f. 86r] ---
[...sa] karuna | dipun têbah jajanipun | hèh Panji sira wungua ||
19. ya ta sira Radèn Panji | wêtara tigang pandurat | anulya nglilir Rahadèn | Panji gènira kantaka | radèn sarwi sêsambat | sira Radèn Marabangun | asambat Citralangênan ||
20. adhuh mirah ari mami | marang ngêndi paranira | sira antènana ingong | panggene ta awak ingwang | lah yayi sira tilar | ingsun kari kawlasayun | amung sira jiwaningwang ||
21. ya ta Dèwi Ragilkuning | alon wau aturira | dhuh pangeran sanak ingong | pangeran dika èngêta | sampun asalah cipta | Sang Panji pan sampun emut | wau gènira kantaka ||
22. ya ta sira Radèn Panji | alon wau angandika | marang kadang kadehane | hèh sagunge sanak ingwang |
--- [f. 86v] ---
pa sira padha trisna | iya marang awak ingsun | manira pan arsa kesah ||
23. ingsun arsa tilar puri | ngulati Citralangênan | para kadang kadeyane | sêdaya ature padha | inggih awak kawula | pêtjah gêsang kula tumut | pangeran dhatêng panduka ||
24. malih ngandika Sang Panji | Pêrmadi Punta Kêrtala | padha sira ingsun kongkon | padha sira ngupayaa | banthèng sungu kêncona | kang angrusak taman santun | lah iku sira cêkêla ||
25. măngsa bodhoa sirèki | kadeyan matur sandika | têtiga pan awotsinom | Punta kêlawan Kêrtala | Pêrmadi munggèng ngarsa | anjujuk anèng kêtdhatun | kocapa kang anèng pura ||
26. Rêtna Dèwi Wadalwardi | sawungunira anendra | pêpungun ika manahe | dene wau ingkang raka | Panji pan nora nana | atakèn mring
--- [f. 87r] ---
para babu | sêdaya pan nora wikan ||
27. ya ta Dèwi Wadalwardi | manahe èsmu karuna | kêsaru ika praptane | para kadeyan têtiga | Pêrmadi munggèng ngarsa | Wadalwardi asru muwus | Pêrmadi kinongkon apa ||
28. kakang brangus anèng ngêndi | Pêrmadi alon aturnya | inggih kawula kinongkon | dhumatêng raka panduka | anèng ing pêtamanan | panduka kinèn anusul | lah ta sampun kêlayatan ||
29. agupuh Ni Sêkartaji | anulya mundhut jêmpana | gugup-gugup ing polahe | ya ta anitih jêmpana | Sêkartaji asuka | angucap cara Mêlayu | marang kang mikul jêmpana ||
30. apan sarwi malangkêrik | kaya jiprul ing Sumarang | Sêkartaji sêpolahe | gabêr-gabêr sarwi ngucap | lêkas jalan binatang | lêkas saya mau [ma...]
--- [f. 87v] ---
[...u] tau | di kêbon têmpatnya tuwan ||
31. pan kaya wong mêmayangi | sira Ni Rêtna Cindhaga | anèng jro jêmpona mangko | binêkta marang ing wona | lawan para kadeyan | Punta Kartala amuwus | wau marang kadangira ||
32. lah uwis sêdhênge iki | Pêrmadi lah lèrènana | sun rasakne tangan ingong | kaliwat panas kang manah | Pêrmadi wuwusira | dèn sabar ing ngarêp iku | akiwa pêrnahe kana ||
33. Rêtna Dèwi Wadalwardi | asru dènira ngandika | hèh Pêrmadi dilêlojèh | lah êndi pêrnahe baya | kakang brangus ing taman | langkung kangên awak ingsun | dene suwe nora prapta ||
34. Pêrmadi ika nauri | mêngko thithik kono prapta | lah ta iya ngarêp kono | pêrnahe raja pinutra | ya ta nuli lumampah | Ki Punta abêkah-bêkuh | angajak [ang...]
--- [f. 88r] ---
[...ajak] yuda kênaka ||
21. Pangkur
1. Ni Wadalwardi angucap | ingsun iki arsa gawa mring ngêndi | payo têmokêna gupuh | iya marang si kakang | kakang brangus anèng ngêndi pêrnahipun | payo ingsun panggihêna | kêlayan si kakang Panji ||
2. Pêrmadi asru ngandika | hèh mêtua lah sira Wadalwardi | iki uga pêrnahipun | ênggone lakinira | Menak Punta nulya kinêjepan wau | ya ta sira Menak Punta | bramatyanira tan sipi ||
3. sira Ni Rara Cindhaga | nulya mêdal sangking jêmpona aglis | dipun candhak rikmanipun | Ki Punta lan Kêrtala | kalih pisan apan ta sami anggêrgut | Ni Wadalwardi karuna | sosote apan durwili ||
4. si dikêpruk si dilabrak | si dipanjêr ditumbak didhadhuwing [didhadhu...]
--- [f. 88v] ---
[...wing] | sira kapakêna ingsun | ujarmu mangke ingwang | tinimbalan iya marang kakang brangus | mangko sira asikara | iya marang awak mami ||
5. yèn kakang brangus wêruha | pêsthi sira dèn tugêl gulunèki | Ki Pêrmadi asru muwus | aja atakon dosa | ingkang akon amatèni ing sirèku | rajaputra ing Jênggala | hèh sira ta Wadalwardi [Wadalwar...]
[Ilustrasi:] Cindhaga. Pêrmadi. Kartala.
[Redaksi: Dewi Cindaga dihukum dan akan dibunuh oleh Permadi dan Kartala.]
--- [f. 89r] ---
[...di] ||
6. luwih gêtdhe dosanira | dene sira mangke anyidra rêsmi | têka ngrusak pagêr ayu | ngaku Căndrakirona | adol noma sira bisa ngaku-aku | mangko sira rasakêna | sun pilara sira dhingin ||
7. ya ta amicorèng nala | sira wau Ni Rara Wadalwardi | nora lidok ujar ingsun | atiku nora salah | baya iki kêtthèk[17] Gunung asu Gunung | ingkang mêruhkên maringwang | si dipanjêr si didhahing ||
8. Ni Wadalwardi sêmana | dèn lêlarak sarwi dipun gêbugi | anangis agêro-gêro |[18] asambat ibu rama | Menak Punta Kêrtala ika anjagur | ambithi sarwi anêndhang | Ki Pêrmadi ingkang jênggit ||
9. Ni Wadalwardi karuna | sêsambate dhuh lae aku mati | adhuh biyang
--- [f. 89v] ---
jaluk tulung | buyut canggah tulungana |[19] adhuh bapa biyang kaki jaluk tulung | manira pan nora dosa | aku iki dèn patèni ||
10. apan aku nora dosa | lah panggene arsa dipun patèni | Menak Punta asru muwus | sundêl sira kêparat | lonthe tuwa sundêl jalang babi buntung | nganggo sira takon dosa | dosamu anyidra rêsmi ||
11. baya sira edan gila | mêngko uga bandhamu sun irisi | sun kêlèti babokongmu | sun êdol mring Pêcinan | Wadalwardi gabêr-gabêr tangisipun | dinulu pan kaya warak | sêsambate aku mati ||
12. angur nuli patènana | awak ingsun aja dêdawa sakit | Ki Pêrmadi pan sumaur | yèn ingsun patènana | apês [a...]
--- [f. 90r] ---
[...pês] sasat ingsun dhêmên ing sirèku | yèn rupanira ayua | pêsthi gêlêm sun matèni ||
13. dene rupanira ala | kaya babi têka bisa ngapusi | angaku-aku wong ayu | kala anèng ing pura | masang angkuh kaya bojone kumêndur | mangke uga rasakêna | wong angaku Sêkartaji ||
14. ya ta Ni Rêtna Cindhaga | dèn lêlarak sarwi dèn gêbugi |[20] dhasare lir gajah abuh | dèn larak dèn gulandhang | Ni Cindhaga tangise saya anggêro |[21] pan asambat kaki dewa | age tulungana mami ||
15. pêsthi mata aku uga | lamun nora dewa ingkang nulungi | mangkana ingkang winuwus | dewane Ni Cindhaga | akêkasih Yyang Pulunggona puniku | sira Sang Yyang Pulunggona | kang momong Ni Wadalwardi ||
16. ya
--- [f. 90v] ---
ta anèng awang-awang | Yyang Bêtthara Pulunggona ningali | marang pamomonganipun | apan ta pinilara | anèng wona dèn gawe satêngah lampus | mujar Sang Yyang Pulunggona | dhuh anggèr momongan mami ||
17. mangkana Rêtna Cindhaga | gêro-gêro wau gènira nangis | Ki Punta anarik dhuwung | lawan Menak Kêrtala | Ki Pêrmadi apan sami narik dhuwung | karsane Rêtna Cindhaga | kinarya jajalan kêris ||
18. sarêng arsa pinêrjaya | dipun rêbut Ni Rêtna Wadalwardi | wau marang dewanipun | Bêtthara Pulunggona | Wadalwardi ilang sangking astanipun | binêkta Yyang Pulunggona | Rêtna Dèwi Wadalwardi ||
19. ya ta Ki Menak Kêrtala | Menak Punta lawan Menak Pêrmadi | têtiga sami gagêtun | dene Rêtna Cindhaga | ilangira apan nora nana wêruh | musna sangking ngastanira |
--- [f. 91r] ---
binêkta mring dewanèki ||
20. têtiga sami anggona | ya ta kondur wau sangking wanadri | arsa matur mring sang bagus | Rajaputra Jênggala | apan mêksih kèndêl anèng taman santun | Ki Punta lawan Kêrtala | Pêrmadi pan sami prapti ||
21. katiga pan sami nêmbah | angandika alon Rahadèn Panji | kayaparan wartanipun | kakang sira ngong duta | atur sêmbah Pêrmadi lawan sang bagus | sêdaya ngaturkên tiwas | angaturkên pati urip ||
22. inggih Sang Rêtna Cindhaga | dupi arsa pangeran ngong patèni | musna sangking asta ulun | kados sinêndhal dewa | Wadalwardi tan kantênan purugipun | ya ta Radèn Kasatriyan | angungun sajroning galih ||
23. myarsa ature kadeyan | Wadalwardi musna datan kaèksi | Sang Panji aris amuwus | sagunge sanak [sana...]
--- [f. 91v] ---
[...k] ingwang | sapa trisna iya marang awak ingsun | manira pan arsa lunga | ngulati marganing pati ||
24. sagunge para kadeyan | aturipun pan botên wagêt kari | pêtjah gêsang kula tumut | dhatêng kanjêng pangeran | sêparane kawula tan wagêt kantun | sira Radèn Kasatriyan | apan sampun tilar puri ||
25. Sang Prabu Jênggala myarsa | yèn kang putra lolos sangking ing puri | sang nata kêlangkung ngungun | sang prabu ing Jênggala | angandika marang kyana patih wau | lah kakang Kudanawarsa | sêkathahe wadya mami ||
26. sêdaya sira sêbara | angulati marang sira Ki Panji | mênawa lamun katêmu | lah kakang anak ingwang | pan sandika kyana patih aturipun | sigra angundhangi bala | sagunge kang wadya alit ||
27. wadyabala ing Jênggala [Jêng...]
--- [f. 92r] ---
[...gala] | pan sinêbar ngulati Radèn Panji | nêngêna wau sang prabu | ingkang lagya sungkawa | kang kocapa Sang Panji lagya lumaku | ingiring para kadeyan | manjing satêngah wanadri ||
28. tanpa dhahar lawan nendra | siyang dalu wau gènnya lumaris | tan liyan sinêdyèng kalbu | amung Citralangênan | kang sinambat dhatêng sira sang abagus | dhuh gusti Citralangênan | yayi antènana mami ||
29. marang ngêndi ariningwang | adhuh gusti mirah ingsun wong kuning | kaningaya ariningsun | lunga nora pêpoyan | apa baya ingkang dadi cacatipun | dhuh ingsun angur matia | cabar têmên marang rabi ||
30. yèn gusti nora kapêtdhak | suka ingsun matia ing wanadri | adêlap ingsun tumuwuh | Panji angur matia | dèn undhaa banthèng ingkang galak ingsun [ing...]
--- [f. 92v] ---
[...sun] | dèn tubruka sima ingwang | dèn sarapa sarpa mandi ||
31. sagunge para kadeyan | sami matur marang Rahadèn Panji | suka lila awak ingsun | angur adunên aprang | bêtdhah[22] kutha amboyongi putri ayu | ya ta Radèn Kasatriyan | wus manjing dhatêng wanadri ||
32. cinatur satêngah wona | ana banthèng agênge gagilani | andaka panggenanipun | ana ing caturdhêndha | dhêndha dalan catur papat têgêsipun | anèng dalan pêrapatan | andaka kêlangkung julik ||
33. tan kêna ningali jalma | dipun sêrot jalma kathah kang mati | akathah têtiyang lampus | banthèng matèni dalan | malah pêtjah marga pêrapatan wau | tan ana sujalma liwat | ingkang marga malah mati ||
34. karya sudhung kang andaka | ing garumbul panggonaning
--- [f. 93r] ---
kang lungit | yèn mambu jalma ambêkus | jênggirat nuli mêdal | pan anyêrot marang jalma kang lumaku | sarwi gêtjuk-gêtjuk[23] lêmah | polahe datan ngunduri ||
22. Durma
1. kang kocapa sira sang raja pinutra | lampahe sampun prapti | pêrnahe andaka | anèng ing caturdhêndha | andaka sigra marani | lajêng tumingal | kêlamun ana jalmi ||
2. katingalan ingkang jalma katingalan | pan kathah rowangnèki | ya ta kang andaka | mulat jalma akathah | ambêkus jênggirat nuli | anggêtjuk kisma | ambêkus syaranèki ||
3. ri sêksana andaka anyêrêk ika | nyêrot kadeyan sami | nuju Wukirsêkar | binuru wus prayitna | banthèng sigra marêpêki | sigra cinandhak | sungune dèn cêkêli ||
4. tinêmpiling [tinê...]
--- [f. 93v] ---
[...mpiling] sirahe ingkang andaka | mring Radèn Wukirsari | andaka tan obah | kêlangkung dènnya panggah | sabêne Dyan Wukirsari | yèn nabok ika | banthèng sapisan mati ||
5. dipun undha Rahadèn Wukirkusuma | nèng nginggil sungunèki | ingulukkên wiyat | mumbul kadya kitiran | sira Radèn Wukirsari | muluk ing tawang | atêbah tibanèki ||
6. ya ta măngsa uripa ing tingalira | Rahadèn Wukirsari | tangi pan lumajar | lumayu mring gènira | wurine Rahadèn Panji | napasnya ilang | Carangwaspa ningali ||
7. gya sinêrot dene andaka punika | cinandhak sungunèki | binithi êndhasnya | mring Radèn Lêmpungkaras | lamun bithi kêbo singgih | muncrat palastra | mung mangke datan mati ||
8. punang banthèng [ba...]
--- [f. 94r] ---
[...nthèng] apan ta saya gambira | ingundha sang apêkik | munggèng sungunira | ingumbulakên sigra | mêsat têbih tibanèki | Dyan Carangwaspa | tangi lumayu gêndring ||
9. apan ngungsi ênggone raja pinutra | ya ta Ki Punta aglis | kêlangkung bramatya | gya ngêmbari andaka | pan karo asta pribadi | Ki Menak Punta | andaka mapak wani ||
10. gya ingundha Ki Punta datan [data...]
[Ilustrasi:] Banthèng. Andaga.
[Redaksi: Andaga melawan banteng di hutan.]
--- [f. 94v] ---
[...n] tumama | gumadul kulitnèki | tan busik wulunya | Punta langkung dikjaya | kang banthèng cinandhak wani | binithi sigra | mukanya kang dèn bithi ||
11. kang andaka kêlangkung prawiranira | apan ta nora busik | Ki Punta atiba | nadyan padha prawira | manungsa lan banthèng singgih | kaot rosanya | lawan banthèng puniki ||
12. ya ta sira Ki Menak Punta kasoran | nglêmpuruk dèn ulèni | mungsuh dede soma | ya ta Menak Kêrtala | gya tulung tumandang aglis | sinêrot sigra | banthèng cinandhak aglis ||
13. sungunipun cinandhak ing asta kiwa | binithi mukanèki | kumêpruk syaranya | banthèng datan tumama | Ki Menak Kêrtala singgih | yèn nabok mesa | pan mawur sirahnèki ||
14. mangke datan tumama saya gambira | Menak Kêrtala nênggih | ingundha [ingu...]
--- [f. 95r] ---
[...ndha] andaka | Kalang kaplèsèt tiba | Ki Menak Kêrtala singgih | tangi lumajar | amêmêt playunèki ||
15. Ki Pêrmadi apan ta sampun prayitna | narik curiga aglis | sinêrot andaka | sarêng arsa ingundha | malumpat wau angèri | ginoco inggal | saprandene tan busik ||
16. Ki Pêrmadi apan sangêt panggoconya | ingundha Ki Pêrmadi | bontit tibanira | tangi apan lumajar | angungsi mring Radyan Panji | para kadeyan | karuna aturnèki ||
17. pra kadeyan angajak lumayu inggal | Dyan Panji muwus aris | padha lumayua | dene mêmirang dewa | putra ing Jênggala mami | ajrih andaka | angur inggala mati ||
18. apan sira kabèh padha sumingkira | dimèkne banthèng prapti | anyêrot manira | sun tadhahane baya |
--- [f. 95v] ---
asuka ingsun amati | dèn undha daka | rajaputra ing Kêling ||
19. apan sampun angagêm punang sênjata | aran Sarutamèki | agême dyan putra | sêmana kang andaka | gibrah-gibrah nrajang wani | nyêrot dyan putra | Panji prayitnèng wèsthi ||
20. ya ta wau kang andaka gya nêrajang | dèn lêpasi jêmparing | dèn arah pathaknya | ampuhe kang jatmaka | sangking landhêpe jêmparing | kumêprak munya | andaka niba aglis ||
21. samya tulung kadeyan tumandang inggal | sinêrot banthèng aglis | pan sami lumajar | sagung para kadeyan | prasamya kawus ing galih | para kadeyan | ya ta Rahadèn Panji ||
22. ri sêksana amênthang malih jatmaka | lumêpas kadya thathit | banthèng anêrajang | sirahnya ingkang kêna | kumêplak [kumêpla...]
--- [f. 96r] ---
[...k] kinging jêmparing | banthèng aniba | pan lajêng bêbanyaki ||
23. pan adangu andaka lajêng palastra | kunarpanira singgih | apan lajêng musna | nèng ngarsane dyan putra | mêngkana Rahadèn Panji | gêtun kang manah | icale banthèng singgih ||
24. kawarnaa sagung kadeyan sêdaya | prapta ngarsane Panji | ya ta rajaputra | alon ing wuwusira | hèh sagunge sanak mami | payo lumampah | sêparan-parannèki ||
25. pra kadeyan ature dhatêng sandika | miwah Dyan Wukirsari | lawan Carangwaspa | Dyan Panji wus lumampah | Jurudoh Pêrsănta ngiring | anèng ing wuntat | anêmbang găndasuli ||
23. Asmaradana
1. nêngêna datan winarni | ingkang lagya alumampah | gêntia kang winiraos | sang prabu ing tanah sabrang | Kêlona Sowandona | dhingin [dhing...]
--- [f. 96v] ---
[...in] ingkang ngêluruk |[24] marang nêgari Jênggala ||
2. kawon gènira ajurit | mêngsah putra ing Jênggala | dene arine sang katong | Sang Kêlona Wanèngbaya | pêtjah wontên Jênggala | milanira sang aprabu | lumayu ngungsi ing wona ||
3. ing mangke sri narapati | Sang Kêlona Sowandona | sampun alaju lampahe | arsa bêdhah ing Ngurawan | sampun angêpung kitha | mêsanggrahan sang aprabu | anèng sajawining kitha ||
4. ing mangke sri narapati | apan miyos siniwaka | anèng têratak rambate | ingkang rayi munggèng ngarsa | Kêlona Tunjungseta | sakèhe para tumênggung | pra mantri andhèr ing ngarsa ||
5. sagunge para bopati | samya andhèr munggèng ngarsa | ting pêrngagah busanane | sang nata eca sineba | ya ta ningali teja | ya ta kang
--- [f. 97r] ---
cahya sumunu | wau ta kang punang teja ||
6. sang nata ngandika aris | mara wau arinira | mara pariksanên age | lah êndi ênggone uga | kang teja nyatakêna | apa ta rupane iku | manira pan arsa wikan ||
7. ya ta nulya atur bêkti | Ki Kêlona Tunjungseta | para raja ngiring kabèh | budhal sangking ing pêseban | bala ing tanah sabrang | arsa mêspadakên[25] iku | pêrnahe kang punang teja ||
8. wus manjing anèng wanadri | tinurut pêrnahe teja | dupi prapta antarane | wus cakêt kang punang teja | kinêjepakên ilang | punggawa sabrang gagêtun | sêdaya kari anggona ||
9. ya ta ingkang wadya mantri | sami sinêbar sêdaya | ngulati teja pêrnahe | ya ta wau cinarita | ingkang amawa teja |
--- [f. 97v] ---
nênggih kusumaning ayu | Ni Dèwi Citralangênan ||
10. jatine Ni Sêkartaji | ingkang lagya bêntur tapa | anèng têngah wona mangko | sira Ni Citralangênan | agung bantêr tapanya | mulane kusuma ayu | apan ta ambêntur tapa ||
11. mêngkana sarêng ningali | wadyabala tanah sabrang | wanodya ayu kinaot | dipun nyana wong andaka | pêpara anèng wona | wantune wong sabrang iku | dhasar lami angumbara ||
12. mangke ningali pawèstri | anèng satêngahing wona | kêlangkung ayu warnane | wong sabrang pating tarunjang | sêdyanira ngêrbuta | kanan kèri pan anubruk | tubruk-tinubruk pan samya ||
13. wong sabrang pating gulinting | apan sami kêna tulah | sêdaya pating kêlèsèt | wênèh ngadêk wayangannya | sumingêp kalesetdan[26] | ana ingkang anglêmpuruk [anglêm...]
--- [f. 98r] ---
[...puruk] | ana ingkang jumpalikan ||
14. ana ingkang mutah gêtih | ana ingkang mutah tenja | ana ingkang mutah cècèk | ana kang mutah rampêla | ana kang mutah limpa | ana ingkang mutah usus | ana amutah kuwaya ||
15. tan kêna dipun pêrpêki | kusuma kang bêntur tapa | kêlangkung gêtdhe tulahe | nulya katur gustinira | Kêlona Tunjungseta | asru dènira amuwus | mêngko sira sumingkira ||
16. ingsun dhewe kang mêrpêki | aja na pating gureyak | mêngko ingsun pariksane | Ki Kêlona Tunjungseta | sigra marêk sêksana | marang kusumaning ayu | Ni Dèwi Citralangênan ||
17. angadêk pan nora angling | Ni Dèwi Citralangênan | pan nora ajrih manahe | ningali jalma akathah | Kêlona Tunjungseta | langkung ajrih
--- [f. 98v] ---
manahipun | mindhik-mindhik awotsêkar ||
18. luputa ing tulak sarik | ratu mas awak kawula | arsa matur mring sang sinom | lan malih inggih kawula | ratu mas atêtanya | dhumatêng sang liring santun | ing pundi ingkang pinăngka ||
19. lawan kang sinambat ing sih | kawula pan arsa tanya | inggih dhumatêng sang sinom | mujar Ni Citralangênan | ingsun tan darbe omah | saênggon-ênggon dumunung | aran Ni Citralangênan ||
20. ya ta matur awotsari | Sang Kêlona Tunjungseta | atur kawula wiyose | ratu mas dhatêng panduka | lamun wong ayu karsa | pan kawula bêta mantuk | sun caosakên sang nata ||
21. sang aprabu tanah kawis | Sang Kêlona Sowandona | ratu prawirèng palugon | ing sabrang tan ana sama |
--- [f. 99r] ---
ratu asugih bala | lamun panduka sang ayu | katura panduka nata ||
22. mendah bungahe sang aji | puruna botên puruna | kawula bêta sang sinom | mujar Ni Citralangênan | sênadyan ingsun katura |[27] ya ta kusumaning ayu | Ni Dèwi Citralangênan ||
23. ya ta amicorèng galih | osiking manah mangkana | upamane awak ingong | rosa sapira wanodya | lamun pinaripêksa | pan iku araning ratu | agung ingkang wadyabala ||
24. angur sun mèlua ugi | tan dadi runtiking nala | sun ecanane manahe | sang prabu ing tanah sabrang | Kêlona Sowandona | ya ta ngandika sang ayu | lah iya lamun mangkana ||
25. arsa anggawa mring mami | nanging ta pênjaluk ingwang | lamun mangke sang akatong | andarbe karsa mangkana | nanging dèn [dè...]
--- [f. 99v] ---
[...n] sabar uga | anadene awak ingsun | pan lagya amangun tapa ||
26. apan mangke awak mami | nora kêna pagêpokan | kêlawan ing priya mangko | sêtahun manira tapa | kirang sêparon warsa | alon wau gènnya matur | pun Kêlona Tunjungseta ||
27. sokur bagi ni mas gusti | kawula ingkang matura | inggih dhumatêng sang katong | ing
[Ilustrasi:] Tunjungseta. Sekartaji.
[Redaksi: Tunjungseta menghadap Dewi Sekartaji.]
--- [f. 100r] ---
mangke karsa panduka | pêsthi anut sang nata | ing karsanira sang ayu | suwawi kawula bêta ||
28. sang rêtna ngandika aris | iya apa karsanira | ingsun mèlu sira mangko | Sang Kêlona Tunjungseta | ngandika marang bala | hèh sakèhe balaningsun | kabèh dandana jêmpana ||
29. sagunge wadya puniki | wus sami dandan jêmpona | wus cumaos nèng ngarsane | sang rêtna nulya lumampah | wus numpak ing jêmpona | gêntia ingkang winuwus | Rahadèn Malangsumirang ||
30. wus panggih lan Radyan Panji | Rahadyan Malangsumirang | atur kawula wiyose | mila kawula pangeran | malih dadya andaka | dene kawula pukulun | purun marang wong atuwa ||
31. kawula dugal kêpati | dene ta pakaryaningwang | angècu lawan begale | jêng rama kaku manahnya |
--- [f. 100v] ---
kawula sinupatan | mangkana pangucapipun | anak ngong Malangsumirang ||
32. nora kêna ngong tuturi | têka wani marang ingwang | kaya banthèng tênagane | anulya awak kawula | inggih dados andaka | timbalanira sang wiku | anak ngong Malangsumirang ||
33. yèn sira mangke puniki | arsa ruwat rupanira | sira angadhanga mangko | anèng dalan pêrapatan | pêsthi yèn benjang ruwat | nuli radèn awak ingsun | anèng dalan pêrapatan ||
34. ing mangke gusti wak mami | ruwat sangking ing panduka | dhuh pangeran gustiningong | kawula anut ing pêtjah | gusti dhatêng panduka | mila kawula sang bagus | arsa angabdi panduka ||
35. ya ta sira Radèn Panji | langkung gêtun manahira | amiyarsa ing ature | Rahadèn [Rahadè...]
--- [f. 101r] ---
[...n] Malangsumirang | Sang Panji angandika | lah ta iya ariningsun | sira ingsun aku kadang ||
36. balik karsanira yayi | arsa tut wuri maringwang | dene lakunira radèn | tan karuwan kang sun sêdya | anut paraning manah | yèn sira mèlu maringsun | abangêt tarimaningwang ||
37. nanging lakuningsun iki | nora nana kang sun sêdya | sêtjatine awak ingong | arsa angulati garwa | ilang datan karuwan | rahadèn ika umatur | ature lir gula drawa ||
24. Dhandhanggula
1. ya ta matur sarya awotsari | sira wau Dyan Malangsumirang | atur kawula wiyose | pangeran kula tumut | pêjah gêsang kawula gusti | tumut sabaya pêjah | dhatêng sang abagus | nanging ta atur kawula | lamun karsa panduka kula aturi | minggah anèng [a...]
--- [f. 101v] ---
[...nèng] andaka[28] ||
2. marêk dhatêng rama sang palinggih | apan nuwun pitulung sang tapa | jêng rama têrus tingale | raose atiningsun | kados rama sampun udani | dhatêng awak kawula | sarta sang abagus | Rahadèn Panji sêmana | anuruti ing karsanira ta singgih | Radèn Malangsumirang ||
3. angandika alon Radèn Panji | iya payo yayi padha minggah | anèng pêrtapan ta mangko |[29] seba marang sang wiku | apan ingsun arsa udani | marang sang apandhita | radèn awotsantun | sumăngga gusti pangeran | Radèn Panji sêmana nulya lumaris | lawan para kadeyan ||
4. ênêngêna wau kang lumaris | ingkang arsa minggah ing andaka[30] | ya ta gênti winiraos | kocapa sang awiku | kang palênggah anèng ing wukir | pêrtapan Ardi Muncar | sira sang awiku [a...]
--- [f. 102r] ---
[...wiku] | Sang Bêgawan Ciptarasa | sang pandhita wau tingale wus sidik | wikan durung winarah ||
5. milanira wau sang palinggih | apêparab Wiku Ciptarasa | barang dadi saciptane | sagunge kang tumuwuh | sang pandhita wus nguwikani | barang ingkang sinêdya | sang tapa jumurung | èstijrat pandunganira | sang pandhita pasang ciptanira dadi | winênang mring juwata ||
6. apan iku pandhita sêtjati | apan olih jênênge pandhita | apadhang panggrahitane | dhuwur pangawruhipun | sêtjatine prapta ing tokit | sampun angraga sukma | sira sang awiku | tuhu yèn wiku sudikbya | Ciptarasa arasa ingkang sêtjati | ginunggung pra pandhita ||
7. cinarita wau sang palinggih | gya pinarak wau sang pandhita | ya ta anèng panirate | para cantrik nèng ngayun | pan aseba dhatêng sang yogi [yo...]
--- [f. 102v] ---
[...gi] | manguyu lan jêtjanggan[31] | kuncara paputhut | andhèr kang parang sunggatan | sami seba ing ngarsanira sang yogi | Bêgawan Ciptarasa ||
8. lagya eca pagunêman kawis | pan ta sira Wiku Ciptarasa | arum ing pangandikane | marang cêtcantrikipun[32] | lah ing mangke ta putra mami | kaki Malangsumirang | ruwat warnanipun | pulih warnane manungsa | malah ana kanthine ta anak mami | Rajaputra Jênggala ||
9. para endhang sampun dèn prentahi | marang sira sang maha pandhita | kinèn akarya sêgahe | yèn badhe ana tamu | dhayohira sang maha yêkti | Rajaputra Jênggala | kusuma di luhung | mila sagung para endhang | wau kinèn samya padha acêtcawis[33] | badhe kinarya sêgah ||
10. duk sêmona sira sang palinggih | gya tumêdhak sing lênggahanira | sang tapa mêthuk [mê...]
--- [f. 103r] ---
[...thuk] karsane | dhumatêng rajasunu | Radèn Panji marêk tumuli | dhumatêng sang palênggah | prapta munggèng ngayun | pan sarêng ayun-ayunan | rajaputra kêlawan sang apalinggih | ya ta raja pinutra ||
11. sarêng wau arsa angabêkti | gya cinandhak astane rahadyan | adhuh radèn putraningong | sampun-sampun sang bagus | angabêkti dhatêng sang yogi | panduka trah nalendra | pan ratu linuhung | kang amutêr tanah Jawa | Radèn Panji sigra ingaturan nuli | pinarak dhepokira ||
12. sampun prapta ing dhepok tumuli | apan sami atata alênggah | Dyan Panji munggèng ngarsane | Rahadèn Wukirsantun | lawan Carangwaspa nèng ngarsi | Punta lawan Kartala | Pêrmadi tan kantun | andhèr samya munggèng ngarsa | Ki Jurudoh Pêrsănta tansah nèng wuri | ya ta Malangsumirang [Malang...]
--- [f. 103v] ---
[...sumirang] ||
13. atur sêmbah ing rama sang yogi | anungkêmi padane kang rama | pan sarwi lara tangise | ngandika sang awiku | wus mênênga anggèr nak mami | sokur sira waluya | karsane dewa gung | rahadèn sigra tur sêmbah | sang pandhita sigra angandika malih | marang raja pinutra ||
14. adhuh anggèr nyawa putu mami | lah punika sasunggatan ingwang | mugi dèn dhahara radèn | sak [sa...]
[Ilustrasi:] Bêgawan Ciptarasa. Dhayok. Panji. Bancak.
[Redaksi: Raden Panji, Dayok dan Bancak menghadap Begawan Ciptarasa.]
--- [f. 104r] ---
[...k] wontên-wontênipun | bawinira wontên ing wukir | ya ta raja pinutra | aturipun nuwun | sêksana samya dhaharan | sampunira prasamya amucang sami | sampun wradin sêdaya ||
15. angandika malih sang ayogi | adhuh anggèr nyawa putuningwang | pun kaki tambêt wiyose | lawan sinêdyèng kalbu | sapa sintên ingkang wêwangi | matur raja pinutra | kawula pukulun | anênggih putra Jênggala | wasta kula anênggih Rahadèn Panji | dene wingking kawula ||
16. ari kula punika sang pêkik | kang awasta Radèn Lêmpungkaras | Wukirsari sanunggale | nênggih kang tiga wau | kang sawiji Menak Pêrmadi | Punta lawan Kartala | anênggih puniku | kadang kadeyan kawula | lawan malih wulucumbu kula kalih | wasta Menak Pêrsănta ||
17. Sadulumur nênggih kang satunggil | sang
--- [f. 104v] ---
awiku malih angandika | punapa anggèr karsane | marak pun kaki wau | rajaputra umatur aris | măngsa borong panduka | prakawis puniku | lêlakone awak kula | ing tyas lamun sang wiku sampun udani | surasane tyasira ||
18. ya ta mèsêm sira sang palinggih | alon wau dènnya awêtcona | amanis arum dêlinge | dhuh anggèr putuningsun | yèn tan wikan dèrèng ningali | tanpa gawe atapa | dhadhepok ing gunung | angur aja bêgawana | yèn tan tokit ing tapa punika kaki | tanpa gawe nèng arga ||
19. dene karsanira wong asigit | nênggih minggah anèng ing aldaka | arsa atakèn wartane | kêlawan awak ingsun | pêrkawise garwa sang pêkik | kusuma ing Mamênang | musna kala dalu | lolos sangking pagulingan | pan ing
--- [f. 105r] ---
mangke tan kinging dipun ulati | anggèr rayi panduka ||
20. kala mangke Dèwi Sêkartaji | apan lagya kinuncang ing dewa | radèn alêkik ênggène | datan kinging linuru | nanging radèn dhuh gusta[34] mami | pun eyang angsung têtdah[35] | dhatêng gustiningsun | lah panduka lampahana | sangking tuduh kawula punika gusti | andika ngawulaa ||
21. lawan prabu ing Ngurawan gusti | pan ing mangke nêgari Ngurawan | kinêpung mêngsah nak anggèr | ratu prawira agung | ingkang ngêpung Ngurawan gusti | awasta pun Kêlona | Sowandona iku | nalendra ing tanah sabrang | balanira tanpa wilangan sang aji | angêpung ing Ngurawan ||
22. pan ing ngriku margane kêpanggih | garwanira Ni Căndrakirona | kang murca sangking purane | nanging ta sang abagus | jêngandika kula
--- [f. 105v] ---
parabi | amrih samar ing tingal | anamur pandulu | anèng nêgari Ngurawan | pêparaba Panji Angrungdayapati | dene lagya katrisnan ||
23. marang garwa kang sungkawèng galih | pan sêmbada pêparab mêngkana | kêlangkung ing prayogyane | dene rayi sang bagus | Carangwaspa ingong parabi | Undhakan Astradona | dene arinipun | Rahadèn Wukirkusuma | pêparaba Ki Astracapa prayogi | Ki Pêrmadi punika ||
24. pêparaba Maesa Giyanti | anadene Punta lan Kartala | Kêbo Pênggagar arane | kêlawan Macan Gugur | Ki Jurudoh ingong parabi | aran Mega Pangraras | iku aranipun | dene Ki Menak Pêrsănta | pêparaba inggih pun Mêndhung Pangriris | langkung dening prayogya ||
25. Ki Jurudoh latah sarya angling | pêsthi pantês aku aran Mega [Me...]
--- [f. 106r] ---
[...ga] | dakar kawula wiyose | ingkang dadi kêluwung | uyuh dadi udan puniki | anibani wong gaga | endhang padha jêblung | Ki Jurudoh latah-latah | para ajar padha suka aningali | Jurudoh lan Pêrsănta ||
26. Radèn Panji suka ingkang galih | dene angsal duduhe sang tapa | dadya apadhang driyane | mangkana sang abagus | Radèn Panji anuwun pamit | dhatêng sang apandhita | pan sampun lumaku | anèng nêgari Ngurawan | sang pandhita wuwuse arum amanis | lah anggèr lumampaha ||
27. pan anuju dinane Rêspati | pan Kaliwon pasarane ika | apan nêmbêlas panggihe | iku lakuning banyu | pêsthi adhêm rasaning galih | upoma wong lumampah | sayêkti rahayu | ya ta Radèn Kasatriyan | nuwun pamit dhatêng wau sang palinggih | têdhak saking aldaka ||
--- [f. 106v] ---
28. Radèn Malangsumirang tan kari | kinèn tumut sang raja pinutra | sang pandhita ing karsane | mêngkana sang abagus | sampun têdhak sangking ing wukir | Rajaputra Jênggala | lêpas lampahipun | ya ta malih kawarnaa | pun Kêlona Sowandona kang winarni | kang sami ngêpung kitha ||
29. Sang Kêlona Sowandona singgih | Sang Kêlona bungah manahira | dene sira sang akatong | manggih wanodya ayu | warnanira lir widadari | manggih nèng têngah wona | kusumaning ayu | apan ta sinung pêparab | Dèwi Têmon pêparabira sang dèwi | wus munggèng dhatulaya ||
30. kusuma yu Dèwi Sêkartaji | kang pêparab Ni Citralangênan | pinaraban sang akatong | Dèwi Têmon puniku | pan sineba ing dalêm puri | kêlayan para inya | kocapa sang prabu | Sang Kêlona Sowandona | manjing pura angungrum dhatêng [dha...]
--- [f. 107r] ---
[...têng] sang putri | Kêlona Sowandona ||
31. adhuh mirah gusti wong akuning | wong alênjang mirahipun kakang | wong gandêrs salêlewane | mung sira jiwaningsun | lah sapanên pun kakang prapti | kawula pun Kêlona | marêk ing wong ayu | ya ta Ni Inya Sudarsa | ya ta matur marang kusumaning puri | Dèwi Citralangênan ||
32. ya ratu mas kawula tur pêksi | raka dika Sang Prabu Kêlona | arsa marak sang lir sinom | sang rêtna alon muwus | lah ta bibi matura aglis | marang sri naranata | dèn sabar rumuwun | dene mangke awak ingwang | mêksih kirang tigang căndra awak mami | gon ingsun amêrtapa ||
33. lamun prapta tigang căndra benjing | iya biyang mangke awak ingwang | salira sapa kang duwe | payo matura gupuh | iya marang sri narapati | ya ta ni
--- [f. 107v] ---
babu inya | mapak sang aprabu | pukulun jêng sri nalendra | pan kawula ingutus rayi sang dèwi | atur wikan sang nata ||
34. rayi dika asumados gusti | tigang căndra luware kang tapa | lamun prapta antarane | ature sang dyah ayu | kang sarira sintên darbèni | yèn dedea panduka | nanging ta pukulun | panduka dèn sabar uga | sri nalendra sarêng wau amiyarsi | ature babu inya ||
35. lah ta iya biyang ingsun anti | ing karsane aringong Ni Citra | dimèkne tutuk lakune | ya ta wau sang prabu | Sang Kêlona kondur tumuli | anèng ing pênangkilan | sira sang aprabu | apan lajêng akasukan | lan sagunge wadyabala tanah kawis | bakal yuda kênaka ||
25. Pangkur
1. ingkang lagya akasukan | kawarnaa
--- [f. 108r] ---
wau sri narapati | lawan sagung balanipun | ya ta malih kocapa | sri nalendra ing Ngurawan Sang Aprabu | Mahraja Lêmbu Angarang | pan lagya sêngkêlan galih ||
2. ing mangke Prabu Ngurawan | atamuan parangmuka sang aji | ing sabrang araning mungsuh | Kêlona Sowandona | ingkang ngêpung kutha Ngurawan puniku | wadyabala ing Ngurawan | kêlangkung ngêkês kang galih ||
3. mangkana Prabu Ngurawan | sri nalendra enjing miyos tinangkil | andhèr kang bala supênuh | Patih Jayakacêmba | ingkang tansah munggèng ngarsane sang prabu | sang nata alon ngandika | wau marang kyana patih ||
4. kaya paran budinira | bapa patih prakarane ing jurit | wong sabrang kaliwat agung | balane Sang Kêlona | prajurite akathah kang sami ratu | upoma yèn pinaguta | tan wande rêmpu kang jurit ||[36]
--- [f. 108v] ---
5. Sang Kêlona Sowandona | wus kaloka ratu prawirèng jurit | wong sabrang kaliwat agung | balane Sang Kêlona | prajurite akathah kang sami ratu | pilih tandhing ing ayuda | paran budinira patih ||
6. kyana patih atur sêmbah | dhuh pukulun atur kawula gusti | nênggih kala wingi dalu | wontên satriya prapta | alêlona warnane anom abagus | pan kadi Sang Yyang Asmara | pantês prawira ing jurit ||
7. wasta Radèn Angrangdaya[37] | sêdyanira ngawula ing sang aji | lêlima kadeyanipun | kados sami prawira | kula andhêk ing Ponaraga kang dhusun | pukulun lamun sêmbada | kula caoskên sang aji ||
8. sri nalendra ing Ngurawan | sarêng mirsa ature kyana patih | alon ngandika sang prabu | lah patih timbalana | dèn akêbat patih anèng ngarsaningsun [ngarsaningsu...]
--- [f. 109r] ---
[...n] | ki patih matur sandika | mundur sarya awotsari ||
9. lèngsèr sangking ing ngajêngan | kyana patih pan lajêng alumaris | ing Ponaraga jinujuk | Patih Jayakacêmba | sampun prapta ing Ponaraga kang dhusun | mring pondhokira rahadyan | wau ki rêkyana patih ||
10. ya ta wau kang kocapa | ingkang anèng ing dhusun Ponaragi | Angrungdaya kang winuwus | sineba pra kadeyan | sami andhèr ing ngarsane sang abagus | kêsaru kang lagya prapta | sira ki rêkyana patih ||
11. cumundhuk anèng ngajêngan | Radèn Panji wau sarêng ningali | kyana patih alon muwus | anak ngong Angrungdaya | pêkênira tinimbalan sang aprabu | sarênga salampah ingwang | agupuh Rahadèn Panji ||
12. ature inggih sandika | wus adandan nulya wau lumaris | para kadeyan [ka...]
--- [f. 109v] ---
[...deyan] tan kantun | sami ngiring sêdaya | tan kawarna lampahipun sang abagus | rajaputra ing Jênggala | tumamèng ngarsa sang aji ||
13. sang aprabu sarêng mulat | ing citrane wau Rahadèn Panji | langkung rêsêp manahipun | ilang prihatinira | rajaputra ginunggung sajroning kalbu | iki silih sinatriya | citrane bagus linuwih ||
14. lir Bêtthara Komajaya | kaya pantês lamun dadi prajurit | citrane anom abagus | pantês trahe nalendra | rajaputra angabêkti ngaras suku | sang nata alon ngandika | lah sira lungguha kaki ||
15. nyawa anèng ngarsaningwang | Radèn Panji ya ta wau alinggih | munggèng ngarsane sang prabu | Rajaputra Jênggala | dènnya lênggah rahadèn ika tumungkul | kadi konjêm ing pratala | sang nata ngandika aris ||
16. lah ta kaki [ka...]
--- [f. 110r] ---
[...ki] anak ingwang | ingsun tanya marang ing sira kaki | sangking dene tambêt ingsun | lah sapa aranira | lawan malih ing ngêndi pinangkanipun | manira pan arsa wikan | mara matura sayêkti ||
17. kaki radèn putraningwang | lah matura marang pun bapa kaki | Rahadèn Panji wotsantun | ature ing sang nata | dhuh pukulun atur kawula sang prabu | kawula tiyang alasan | tanpa rama lawan bibi ||
18. kawula datanpa wisma | angumbara sak ênggèn kula kampir | wontêndene wasta ulun | Sang Panji Angrungdaya | yèn sêmbada arsa angabdi sang prabu | angladosi ing sang nata | sêpakon datan gumingsir ||
19. sang aprabu ing Ngurawan | ya ta mèsêm sarwi ngandika aris | èsêmira sang aprabu | èsmu bungah kang manah | adhuh nyawa sokur bage anak ingsun | sira ngawula [nga...]
--- [f. 110v] ---
[...wula] maring wang | sun ambil putra sayêkti ||
20. ingong nora duwe putra | lawan malih ingong paringi linggih | sira arana tumênggung | anèng ing Ponaraga | lawan malih sira sun paringi juluk | nyawa sira pêparaba | Kaki Panji Ponaragi ||
21. sagunge mantri Ngurawan | apan sira ayugya mêdanani | para punggawa sêdarum | asraha marang sira | pan sayogya sira kang angrèh sêdarum | manira pan wis pitaya | marang sira kaki Panji ||
22. balik radèn mangke sira | kang katêmpuh prakarane ing jurit | mungsuh wong sabrang puniku | kang padha ngêpung kutha | ngong têmpuhkên marang sira anak ingsun | nêgaraningsun Ngurawan | ngong pasrah mring sira kaki ||
23. ala bêcike nêgara | măngsa bodho radèn ing sira iki | Rahadèn Panji wotsantun [wotsa...]
--- [f. 111r] ---
[...ntun] | ature pan sandika | pêtjah gêsang sumăngga karsa sang prabu | nanging kang kawula têtdha | angsala sawab sang aji ||
24. ya ta wau cinarita | Radèn Panja[38] pinêrnah dalêmnèki | ing Ponaraga kang dhusun | Rajaputra Jênggala | pinaraban Panji Ponaraga iku | sang aprabu ing Ngurawan | langkung sihira sang aji ||
25. marang Panji Ponaraga | pan ingambil radèn putra sayêkti | lawan malih sang abagus | angrèh para punggawa | sinung wênang angukumi pra tumênggung | ya ta prabu ing Ngurawan | kondur malêbêt ing puri ||
26. bubar kang sami aseba | sêkathahe punggawa para mantri | Rahadèn Panji winuwus | kondur mring dalêmira | mêsanggrahan ing Ponaraga kang dhusun | sapraptane pêsanggrahan | para kadehane Panji ||
27. Sang Panji lajêng pinarak | pra kadeyan munggèng ngarsane Panji |
--- [f. 111v] ---
Panji Ponaraga muwus | marang para kadeyan | hèh sakèhe para kadang-kadang ingsun | padha ingsun tari sira | apa mèlu baya pati ||
28. iya marang jênêng ingwang | dene ingsun pinasrahan sang aji | prakarane aprang pupuh | amapak mungsuh sabrang | para kadang kadeyan sêdaya matur | pangeran atur kawula | pêtjah gêsang datan kari ||
29. ing dunya têkèng dêlahan | sampun pisah lawan panduka gusti | nadyan silih praptèng lampus | datan gingsir ing tingal | nadyan silih awuwuha ingkang mungsuh | barênga sabaya pêtjah | lawan pangeran dipati ||
30. ya ta inggar manahira | Radèn Panji sarêng wau miyarsi | para kadang aturipun | dene para kadeyan | sami purun yèn ingabê[39] aprang pupuh | ya ta Panji Ponaraga | pangandikanira aris ||
--- [f. 112r] ---
31. mring Undhakan Astracapa | iya yayi pan sira ingsun tuding | anêlika ingkang mungsuh | lah sira waspadakna | Sang Kêlona sêpira ta balanipun | lawan gêgamaning yuda | lawan ambêke nêrpati ||
32. yayi măngsa bodho sira | dipun awas polahira anêlik | yayi gêlare prang pupuh | poma dipun waspada | Ki Undhakan Astracapa aturipun | sandika [sa...]
[Ilustrasi:] Astracapa. Astradona, Panji Ponaraga.
[Redaksi: Astracapa dan Astradona menghadap Radèn Panji Ponaraga.]
--- [f. 112v] ---
[...ndika] ing aturira | ya ta nulya awotsari ||
33. rahadèn lajêng lumampah | sira wau Rahadèn Wukirsari | sêdya andombani mungsuh | anêlik ratu sabrang | tan kawarna lampahira sang abagus | ya ta malih kawarnaa | ingkang lagya brăngta kingkin ||
26. Asmaradana
1. kocapa sajroning puri | kusuma Rêtna Kumuda | kêlangkung dening ayune | putri adi ing Ngurawan | Rêtna Kumudaningrat | tuhu yèn ayu pinunjul | lir Dèwi Ratih suwarga ||
2. midêra sèwu nêgari | anênggih măngsa antuka | angulatana warnane | kadi kusuma Ngurawan | Rêtna Kumudaningrat | apan dadi kêmbang kidung | kêlawan para bujăngga ||
3. pan dadi kidung kêkawi | sagunge para satriya | sangking ayune warnane | pan kinarya têtêmbangan [têtêmbanga...]
--- [f. 113r] ---
[...n] | Dèwi Kumudaningrat | tuhu sêtjatining ayu | ayune tanpa tandhinga ||
4. yèn bisa nyăndra kang nulis | kaya ta dipun anggita | warnanira sang lir sinom | rikma wilis andhan-andhan | sêsinom micis wutah | upoma lamun dinulu | lir liris kalingan mega ||
5. bathuke nila cêndhani | alise angroning imba | jait alindri netrane | idêpe tumênggèng tawang | pipi durèn sasigar | grona rungik asung wuyung | lathine manggis karêngat ||
6. talingan ngêmbang giyanti | wajane anglaring kumbang | anglunging gadhung tênggake | baune kadi gandewa | darijine alantas | kênaka tètèsing madu | mendah lamun dèn pacara ||
7. pêrmbayun sumanggèng karsi | pan kadi maja kêncana | mêmêt abundêr mêntêre | nyamate mung samêrica | pan kadi mirah
--- [f. 113v] ---
selan | yèn dinulu asung wuyung | akèh lêbe banting dhêstar ||
8. akèh santri lali dhikir | kasmaran Lara Kumuda | santrine wong jaman mangke | padha goyang manahira | lamun dulu wanodya | sêmbayange lingak-linguk | katon răndha sugih băndha ||
9. kaume wong jaman mangkin | api-api kêmul pêthak | atine katon donyane | lamun dulu răndha kaya | dipun dhèdhèki ika | pan iku kaum kêpaung | kaum amangeran donya ||
10. mênawa ana kêndhuri | nora susah dipun undang | apan padha têka dhewe | yèn linggih tanpa dêrona | amilih anèng têngah | yèn kirang bêrkate iku | angumyang samarga-marga ||
11. mangkana kusuma dèwi | Sang Rêtna Kumudaningrat | pinarak anèng kêtdhaton | lawan sang pandhita lara | Nyai Agêng Pucangan | tansah wau apitutur [apitu...]
--- [f. 114r] ---
[...tur] | dhumatêng ing putranira ||
12. mila sang aguru putri | manjing anèng dhatulaya | sangking karsane sang katong | kinèn wau amulanga | dhatêng Rêtna Kumuda | guru putri aris muwus | adhuh nini putraningwang ||
13. sira acawisa nini | gănda wida lawan burat | sira aturêna anggèr | marang Panji Ponaraga | karsane ramanira | adhuh nini putraningsun | pan sira pinacang-pacang ||
14. marang Panji Ponaragi | karsane wong tuwanira | arsa dipun panggihake | lawan Panji Ponaraga | iku pacanganira | ingarah nini ta besuk | yèn uwis kartaning jaman ||
15. sira pinanggihkên nini | matur Ni Kumudaningrat | atur kawula wiyose | jêng uwa lumuh kawula | dèrèng sêdya akrama | awèta dadi sêdulur | Radèn Panji Ponaraga ||
16. saèstu kusuma dèwi | adhuh radèn putraningwang | milane sira
--- [f. 114v] ---
mangkono | apa ingkang sira wada | Si Panji Ponaraga | satriya bagus tur tulus | dhasar sêti măndraguna ||
17. Dèwi Kumuda nauri | kawula pan botên mada | nanging sêmantên karsane | inggih kang kawula têdha | awèta dadi kadang | inggih uwa sang abagus | dadia sêdulur tuwa ||
18. milane kusuma dèwi | darbe paturan mangkana | wontên kang dados manahe | Ni Dèwi Kumudaningrat | kang dados manahira | ingkang rayi sang abagus | Ki Undhakan Astradona ||
19. kang kacipta jroning galih | marang Radyan Astradona | lan malihe sang lir sinom | Ni Dèwi Kumudaningrat | milanira mangkana | nênggih kusumaning ayu | Dèwi Unon titisira ||
20. Ni Dèwi Unon kariyin | pawonganira sang rêtna | Ni Dèwi Êsri arane | Ni Dèwi Sri
--- [f. 115r] ---
duk ing kina | nitis Căndrakirona | Ni Dèwi Unon puniku | anitis Kumudaningrat ||
21. milane kusuma dèwi | Sang Rêtna Kumudaningrat | tan arsa mring Panji mangko | yêkti yèn nora dhêmêna | nênggih Rêtna Kumuda | eling lamun gustinipun | Sang Rêtna Căndrakirona ||
22. ya ta sang aguru putri | apamit dhatêng sang rêtna | wis karia anak ingong | ingsun mulih mring Pucangan | poma ta wêkas ingwang | dèn pintêr mirah wong ayu | marang Panji Ponaraga ||
23. nêngêna kusuma dèwi | ya ta malih kawarnaa | kocapa sira sang katong | sang aprabu tanah sabrang | Kêlona Sowandona | sêmana sira sang prabu | apan lagya siniwaka ||
24. anèng pasowan sang aji | andhèr kang para punggawa | para raja pêpêk kabèh | jêjêl anèng ing ngajêngan |
--- [f. 115v] ---
bala ing tanah sabrang | busanane abra murub | sagung kang para punggawa ||
25. tanapi kang para mantri | pan kadi sêkar sêtaman | warna-warna busanane | surêm sang yyang diwangkara | kasênênan busana | dinulu pating pêlancur | busanane abra sinang ||
26. kang munggèng ngarsa sang aji | pun Kêlona Tunjungseta | ingkang dadi pêtarène | dhumatêng sri naranata | kang dipun tuwa-tuwa | lan sagunge para ratu | tanapi para punggawa ||
27. prasasat sira sang aji | pun Kêlona Tunjungseta | apan dipun wênangake | nugêl janggane nalendra | Kêlona Tunjungseta | pan dadi wakil sang prabu | ya ta ingkang kawarnaa ||
28. ya ta kang lagya lumaris | kang sêdya anamur lampah | Ki Astracapa arane | sêdyane anamur kula | marang wong tanah sabrang | sêmana sira sang bagus | jumrojok tanpa larapan [larapa...]
--- [f. 116r] ---
[...n] ||
29. pan lajêng marêk sang aji | Ki Undhakan Astracapa | tumamèng ing byantarane | pun Kêlona Sowandona | sarêng wau tumingal | marang sira sang abagus | têka rêsêp manahira ||
30. angandika sri bopati | Sang Kêlona Sowandona | alon ing pangandikane | hèh satriya êndi sira | marêk ing ngarsaningwang | warnamu anom abagus | lah ta sapa aranira ||
31. ya ta matur awotsari | Ki Undhakan Astracapa | alon wau ing ature | pukulun sri naranata | gusti atur kawula | dene ta kêkasih ingsun | Ki Undhakan Astracapa ||
32. kawula punika gusti | tiyang papa kawêlasarsa |[40] tanpa wisma sak ênggène | mila marêk ing panduka | gusti awak kawula | arsa angabdi sang prabu | suka karyanên tamtama ||
33. ya ta sang sri narapati | langkung
--- [f. 116v] ---
bungah manahira | tumingal marang sang anom | Ki Undhakan Astracapa | pantês lamun prawira | warnane anom abagus | pantês prawirèng ayuda ||
34. angandika sri bopati | lah ta iya Astracapa | yèn sira ngawula ingong | iya radèn sun tarima | ingsun gawe tamtoma | lah ta iya ariningsun | sira sun gawe kêpala ||
35. pan sira ingkang nglurahi | sagunge prajurit sabrang | sira ingkang angrèh kabèh | benjang yèn magut ing yuda | măngsa bodhoa sira | apan sandika turipun | Ki Undhakan Astracapa ||
36. datan kawarna ing nguni | Ki Undhakan Astracapa | anglurahi tamtamane | kêlangkung dening pêrcaya | sang prabu tanah sabrang | abangêt pracayanipun | mring Undhakan Astracapa ||
37. dadya sira
--- [f. 117r] ---
sang apêkik | Ki Undhakan Astracapa | rahadèn padhang manahe | wikan wadyane sang nata | apan sampun waspada | wong sabrang sêdayaipun | angalêm ing pungkurira ||
27. Pangkur
1. Sang Kêlona Sowandona | angandika wau dhatêng kang rayi | kapriye ta ariningsun | sang prabu ing Ngurawan | pan alami sun anti [a...]
[Ilustrasi:] Klona Sowandona. Astracapa. Klona Tunjungseta.
[Redaksi: Prabu Klona Sowandona sedang dihadap oleh Raden Astracapa dan Klona Tunjungseta.]
--- [f. 117v] ---
[...nti] pan nora nungkul | apa nora magut yuda | paran karsane sang aji ||
2. lah ta yayi Tunjungseta | wus sêdhênge yayi amagut jurit | yèn sang nata sêdya nungkul | kala wus kêlampahan | ingsun anti sang nata pan nora tundhuk | payo padha undhangana | sagung wadyabala mami ||
3. gêmpurên kitha Ngurawan | lah ta yayi rêbutên wani aglis | wong Ngurawan dimèn mawur | kang rayi atur sêmbah | pan sandika kang rayi ing aturipun | miwah Radèn Astracapa | wus sami amêpêk baris ||
4. datan kawarna sêmana | bala sabrang sêdaya dèn undhangi | kang bala sajuru-juru | agung bala ing sabrang | para raja ing Siyak miwah Têrngganu | ing Pohang lawan Mêlaka | ing Gêtdhah[41] kêlawan Ngacih ||
5. mangkana kang para raja | wus amêpêk [amêpê...]
--- [f. 118r] ---
[...k] rakite ing ajurit | sami nata balanipun | sagunge para raja | pan sêdaya sami prawira ing kewuh | wong sabrang angangah-angah | yèn dinulu angajrihi ||
6. Ki Kêlona Tunjungseta | ingkang dadya têtindhihing ajurit | Astracapa sisihipun | dadya cucuking yuda | anindhihi bala tamtoma sêdarum | Ki Undhakan Astracapa | ginunggung sakèh prajurit ||
7. ya ta budhal balakosya | wong ing sabrang polahe gagirisi | lir rasêksa yèn dinulu | tinon angangah-angah | wadya sabrang tandangira pan anggêrgut | ya ta ingkang kawarnaa | kocapa sri narapati ||
8. Sri Naranata Ngurawan | duk sêmana arsa miyos tinangkil | kyana patih munggèng ngayun | lan Panji Ponaraga | datan pêgat munggèng ngarsane sang prabu |
--- [f. 118v] ---
eca timbalan wêtcana[42] | kêsaru gègèr ing jawi ||
9. Kyai Dêmang Tanpanaha | atur sêmbah dhatêng sri narapati | mêngsah sabrang sampun rawuh | arsa anggêmpur kitha | têpis wiring dipun obongi sêdarum | sang nata alon ngandika | marang ki rêkyana patih ||
10. payo bapa undhangana | sêkathahe bala Ngurawan sami | sira maguta prang pupuh | Ki Panji Ponaraga | atur sêmbah arsa magut ing prang pupuh | tanapi para kadeyan | bubar dènira tinangkil ||
11. sira Panji Ponaraga | lajêng wau anata balanèki | para kadeyan sêdarum | sami siyagèng yuda | wong Ngurawan wadyane sajuru-juru | mantri kêlawan punggawa | sami siyaga ing jurit ||
12. Radèn Panji Ponaraga | ingkang dadya senapatining jurit | wong Ngurawan sami gêrgut |
--- [f. 119r] ---
ya ta anulya budhal | syaranira ingkang wadya pan gumuruh | kadya ombaking samodra | piniyarsa gêgilani ||
13. budhal kang bala pangarsa | sangking kitha ambrubul bala alit | kadi laron yèn dinulu | wadyabala Ngurawan | pan asêlur untabe kang bala agung | andulur lampahing bala | pan kadya sela blêkithi ||
14. blêkithi sêmut upoma | sela watu kadya sêmut lumaris | anèng saluhuring watu | andulur lampahira | kang prajurit lir wêrdu ăngga kadulu | wêrdu lintah saupoma | ăngga banyu pan upami ||
15. lir lintah sèwu kumêlap | apan sarêng lampahira lumaris | wong Ngurawan sami purun | Ki Panji Ponaraga | nitih kuda pan dhawuk bang ulêsipun | pan sami ayun-ayunan | mungsuh sabrang lan wong Jawi ||
16. wong sabrang sami tumingal [tu...]
--- [f. 119v] ---
[...mingal] | wong Ngurawan pan sami mapak jurit | wong sabrang sami anggêrgut | sagung para panglima | kadi buta sêdaya tênaganipun | ningali prajurit Jawa | wong sabrang anyêrot wani ||
17. wus nêmpuh gènira yuda | bala sabrang kêlawan wadya Jawi | arame gènnya prang pupuh | rame sêrang-sinêrang | apan sami arame buru-binuru | arame-arame ulêng-ulêngan |[43] agênti bêtdhil-binêtdhil ||
18. wong sabrang sami sudira | pan sêdaya sami wantêr ing jurit | sêdaya samya angamuk | wong Jawa nyêrêk kang yuda |[44] sampun awor arame amuk-ingamuk | wong Jawa wantêr kang yuda | arame agênti kêris ||
19. sawênèh pêtdhang-pinêtdhang | kang sawênèh ana cundrik-cinundrik | wong Ngurawan kathah lampus | wadya sabrang sudira | wong Ngurawan sami maras manahipun [manahipu...]
--- [f. 120r] ---
[...n] | kalindhih bala Ngurawan | ya ta sira Radèn Panji ||
20. angatak para kadeyan | apan sami kinèn umagut jurit | tatulung mring balanipun | ya ta Kêbo Pênggagar | Macangugur pan sami magut prang pupuh | Maesa Giyanti samya | tan sêdya mundur ing jurit ||
28. Durma
1. sarêng mangsah para kadeyan têtiga | angamuk silih ukih | pun Kêbo Pênggagar | sêmana tandangira | yèn dinulu angajrihi | lir liman mêta | polahira ing jurit ||
2. Macangugur polahe lir singa lodra | tandangira ing jurit | wong sabrang kang mapak | akathah ingkang pêtjah | kang katrajang akèh mati | pating sulayah | kadya babatan pacing ||
3. Ki Undhakan Astradona sigra mangsah | tandangira ngajrihi | Radèn Astradona | lir banthèng tawan [ta...]
--- [f. 120v] ---
[...wan] brona | rahadèn prawirèng jurit | pêngamukira | binendrong dening bêtdhil ||
4. dipun rampok ing bêtdhil Ki Astradona | tulup lawan suligi | kadi Panjangputra | sinosok ngalang-alang | malèsèt datan nêdhasi | bala ing sabrang | kathah longe kang mati ||
5. ya ta Radèn Panji Ponaraga ika | tandange ing ajurit | kadi Partasuta | tangkêpe ing ayuda | kadi saradola wani | dhasar prawira | datan pasah ing wêsi ||
6. lir juwata sira Panji Ponaraga | tandangira ing jurit | wadyabala sabrang | kathah longe kang pêtjah | mangkana datan winarni | pun Astracapa | anglambung sangking wuri ||
7. mawut-mawut wong sabrang kathah kang pêtjah | alok kalêbon maling | ingkang para raja | miwah para panglima | sami tumulung ing jurit | ngagêm kalewang | sarêng mangsah [mang...]
--- [f. 121r] ---
[...sah] ing jurit ||
8. campuh awor sagunge para panglima | lawan para prajurit | campuh ing ayuda | sami silih prajaya | prajurit sabrang lan Jawi | sami prawira | rame ngrok silih ukih ||
9. Macanlaut kuwêl lan Kêbo Pênggagar | rame dènira jurit | rame yudanira | akuwêl gagêlutan | Macanlaut kasêliring | nulya binuwang | tibane anjumpalik ||
10. kêmpis-kêmpis karingête areweyan | tingalira pan adik[45] | Macanlaut sigra | apan ngunus kalewang | apan sarya bali malih | ingkang kocapa | sira Mêndhungpangriris ||
11. anyêlamur marang mungsuh bala sabrang | mindha pandhita luwih | ngadêk ngarsanira | macungul anèng ngarsa | Macanlaut aningali | kagèt anjola | pan sarwi kirik-kirik ||
12. asru mujar Macanlaut wuwusira [wuwu...]
--- [f. 121v] ---
[...sira] | apa sira pênyakit | lah wong ngêndi sira | dene agawe gita | gawe kagète kang ati | anjumbul ingwang | lah ta sira wong ngêndi ||
13. angakua tur mêngko ingsun kalewang | Mêndhungpangliris angling | lah aja mêngkana | thole aku pandhita | Tuwan Sapanyana mami | pratapaningwang | Guwa Gêrowong dhingin ||
14. aku uga aran Ajar Sapanyana | lah iya awak mami | pagurune uga | mungsuhira ayuda | mulane mungsuhmu iki | rosa dikjaya | ajine têka mami ||
15. ingaranan aji Pandung[46] Băndawasa | iku adat wong ngaji | dikjayane ika | utawa yèn arosa | apan iya mawi aji | lamun ta sira | arsa mangke mandhingi ||
16. karosane wong Jawa mungsuhmu yuda | gaguru maring mami | sun wuruk ta sira | karosan kadikjayan [kadikjaya...]
--- [f. 122r] ---
[...n] | Macanlaut anauri | dhuh kakang ajar | kula dika wuruki ||
17. aji Bandung lawan aji Katêguhan | kapingin rosa mami | kadi tiyang Jawa | lah ta dika wuruka | pintên wêragate ugi | dèn aranana | pan nora wêdi mami ||
18. anauri sira Ajar Sapanyana | thole ingong tuturi | wêdjanine[47] uga | keblat papat ta nyawa | Ki Macanlaut nauri | tuwan manira | apan botên mangarti ||
19. têgêsipun ing keblat papat punika | nênggih dika pajari | Tuwan Sapanyana | aris ing wuwusira | kebêlat papat ta kaki | têgêse uga | patukon karta[48] kalih ||
20. pêsthi uga iku patutupe karna | iku ringgit kêkalih | lawan tutup netra | ringgit kêkalih ika | tutup grona ringgit kalih | tutup talingan [taling...]
--- [f. 122v][49] ---
[...an] | kathah ringgite kaki ||
21. iku uga ingaranan wêtu wuntat | kathahe sangang ringgit | pan dadi limolas | nênêm kêlawan songa | apan iku wus barêsih | Macansêgara | langkung suka ing galih ||
22. Macanlaut gumuyu alatah-latah | èmèng sanggane ugi | pan ringgit limolas | padhane karo sigar | kêropyok wus dèn bayari | ringgit limolas [li...]
[Ilustrasi:] Macanlaut. Mêndhungpêngriris.
[Redaksi: Macanlaut berguru kesaktian pada Mendungpengriris.]
--- [f. 123r] ---
[...molas] | Jurudoh anampani ||
23. tinampanan ki ajar nulya angucap | lah thole sun tampani | sarat durung ana | pênajêm rupa gaman | têgêse pênajêm kaki | tajême japa | gêgaman tumbak kêris ||
24. lamun nora duwe kêris lawan tumbak | kêlewang pêsthi dadi | niki babutuwan | nênggih kalewang ingwang | inggih sun karya wêtjani[50] | sarat gêgaman | tuwan ingkang darbèni ||
25. dèn pitaya aja angitung gêgaman | yèn dhasar bisa aji | Bandung Băndawasa | pêsthi rosa prawira | iku mungsuhmu ajurit | sira cêkêla | kupinge nora osik ||
26. Macanlaut langkung bungah manahira | ênya kalewang mami | măngsa sun emana | iku agême raja | rong atus ajine ringgit | nora sun etang | yèn bisa ingsun aji ||
27. wus tinampan [tina...]
--- [f. 123v] ---
[...mpan] marang Ajar Sapanyana | kalewang dèn sangkêlit | angandika sira | Ki Ajar Sapanyana | lah payo sun wuruk kaki | sira nuruta | lawan sauni mami ||
28. Macanlaut saure inggih sandika | pêsthi anurut mami | sangking uninira | Ki Ajar Sapanyana | anulya wau muruki | payo nuruta | mangkene uninèki ||
29. kulbot rena alah iya rah adusa | yèn gêrah sira kaki | anuli adusa | tismu lah iku uga | yèn atis kêmula nuli | têngmu lèhana | lamun wêtêngmu ngêlih ||
30. kêbat kaki nuli sira amangana | aja kasèp ta kaki | utawa kasèpa | pêsthi lumparên sira | wong ngêlih amêlarati | têngmura singa | yèn wêtêngira sakit ||
31. dèn akêbat thole sira angisinga | lêga [lê...]
--- [f. 124r] ---
[...ga] têmahe kaki | basa kulbot rena | yèn mikul abot lèrèna |[51] sayah alèrèna dhingin | kasusu apa | kang awak nora sakit ||
32. pakgal jiwa tapak tinggal driji gawa | nulya lumayu gêndring | Ki Jurudoh ika | mêmêt pêlayunira | Macanlaut kêmpis-kêmpis | datan anyana | ki ajar angapusi ||
33. sakêlangkung gagêtun ing manahira | dene dipun apusi | kêna kêmat Jawa | arsa dipun susula | pêlayune wus atêbih | pan lamat-lamat | dinuga tan nututi ||
34. narik pêtdhang Macanlaut mangsah yuda | sêdya apulih gêtih | wus ayun-ayunan | lawan Kêbo Pênggagar | pamêtdhangira[52] anitir | Kêbo Pênggagar | apan ta tan gumingsir ||
35. dipun bithi Macanlaut mukanira | muncrat polone mati |
--- [f. 124v] ---
bala sabrang mulat | andêlira ayuda | kathah padha angêmasi | sami puyêran | dene kêsaput wêngi ||
36. mungsuh rowang sami mundur mêsanggrahan | wong sabrang lan wong Jawi | wadya ing Ngurawan | samya mundur sêdaya | Rahadèn Panji ingiring | para kadeyan | kang mulat brăngta kingkin ||
29. Asmaradana
1. mêngkana Rahadèn Panji | lajêng marêk ing sang nata | kadeyan angiring kabèh | kocapa Prabu Ngurawan | pinarak ing paseban | kyana patih munggèng ngayun | datan pêgat pagunêman ||
2. sêdaya wus atur bêkti | marang prabu ing Ngurawan | miwah Dyan Panji ing mangko | sang nata alon ngandika | dhuh kaki putraningwang | paran baya wartanipun | gonira amagut yuda ||
3. asor [a...]
--- [f. 125r] ---
[...sor] unggule kang jurit | lah radèn sira matura | nyawa lêgane tyas ingong | Radèn Panji Ponaraga | matur sarwi wotsêkar | atur kawula pukulun | sangking pangèstu panduka ||
4. kados unggul ing ajurit | pukulun bala ing sabrang | langkung kathah pêpatine | kados alit manahira | nênggih Prabu Kêlona | Prabu Ngurawan angrungu | ature raja pinutra ||
5. kêlangkung suka ing galih | Sri Naranata Ngurawan | alon ing pangandikane | lah kakang Jayakacêmba | putra ngong Ponaraga | ingsun namani tumênggung | salêksa babêngkokira ||
6. anèng desa Ponaragi | sagung punggawa Ngurawan | putraningong wêdanane | sun kawênangakên uga | angrampungi prakara | mangkana sira sang prabu | Sri Naranata Ngurawan ||
7. lajêng kasukan [kasuka...]
--- [f. 125v] ---
[...n] sang aji | lan sagung para punggawa | samya ngèstrèni jênênge | Ki Tumênggung Ponaraga | pan sampun ingestrenan | wadya Ngurawan sêdarum | mantri lan para punggawa ||
8. sêdaya sami ngèstrèni | marang Panji Ponaraga | jinunjung wau lênggahe | lawan prabu ing Ngurawan | sawusira mêngkana | nulya jêngkar sang aprabu | Sri Naranata Ngurawan ||
9. sagunge punggawa mantri | wus sami bubar sêdaya | Panji lawan kadehane | kondur anèng pêsanggrahan | ya ta ingkang kocapa | sang rêtna sêkar kêtdhatun | Ni Dèwi Kumudaningrat ||
10. wayahe rumaja putri | kusuma Kumudaningrat | lir Dèwi Ratih citrane | pan lagi birai sandhang | putri adi Ngurawan | angrasani kakung bagus | kalane sang dyah uninga ||
11. lawan sira Radèn Panji [Pa...]
--- [f. 126r] ---
[...nji] | sarta lawan Astradona | sira Radèn Panji Anom | Ni Dèwi Kumudaningrat | rasane manahira | sang dyah kang kaciptèng kalbu | amung Radèn Astradona ||
12. sang rêtna sampun pinêsthi | marang ing dewa bêtthara | sang rêtna ika jodhone | Rahadèn Selakêndhaga | baya pasthining dewa | wus pinêsthi jodhonipun | kusuma di ing Ngurawan ||
13. ni inya matur ing gusti | ratu mas atur kawula | ingutus marang sang katong | karsane rama panduka | kinèn ngaturi têtdhan | wowohan lan burat arum | dhatêng Panji Ponaraga ||
14. dene mêntas mangun jurit | ratu mas raka panduka | malah ta mênang yudane | sang rêtna alon ngandika | biyang aja dèn ucap | apan wus sadhiya ingsun | burat lawan gănda wida ||
15. mangkana kusuma
--- [f. 126v] ---
dèwi | kinèn wau ngaturana | patêtdhanira rahadèn | inya kalih kang dinuta | ngaturkên gănda wida | lawan sira sang abagus | Radèn Panji Ponaraga ||
16. ya ta malih kusuma di | angutus mring babu inya | kêkalih ingkang kinongkon | ngaturakên kang wowohan | burat lan gănda wida | marang sira sang abagus | mring Undhakan Astradona ||
17. ya ta wau kang winarni | Ki Tumênggung Ponaraga | sineba lawan balane | Ki Jurudoh lan Pêrsănta | kang tansah munggèng ngarsa | Mesa Giyanti nèng ngayun | lawan Maesa Pênggagar ||
18. ya ta wau ingkang rayi | Ki Undhakan Astracapa | apan tinanggap ature | dènnya nêlik mungsuh sabrang | Kêlona Sowandona | wus pratela aturipun | Ki Undhakan Astracapa ||
--- [f. 127r] ---
19. kang kacipta jroning galih | aturipun Astracapa | garwanira sang akatong | angsale manggih sang nata | anèng satêngah wona | warnane kêlangkung ayu | asor Dèwi Wilutoma ||
20. putri angsale amanggih | anèng satêngahing wona | Citralangênan arane | nanging mangke pinaraban | marang Prabu Kêlona | Dèwi Têmon aranipun | nanging dèrèng sacumbona ||
21. kêlayan sri narapati | Sang Kêlona Sowandona | apan dèrèng sapatêmon | ya ta Panji Ponaraga | sarêng wau miyarsa | ing aturira sang bagus | alêga rasaning nala ||
22. kêsaru wau kang prapti | utusan sangking jro pura | inya kêkalih ta mangko | angaturakên wowohan | borat lan gănda wida | Panji Ponaraga muwus | marang kang para utusan [utu...]
--- [f. 127v] ---
[...san] ||
23. lah mara matura bibi | marang kusuma Ngurawan | abangêt tarimaningong | pasihanira sang rêtna | marang awak manira | inya kalih awotsantun | mundur sangking ing ngajêngan ||
24. mêngkana Rahadèn Panji | bubar gènira sineba | ya ta gênti winiraos | kocapa Prabu Kêlona | sabubare sineba | ya ta manjing ing kêtdhatun | arsa marêk garwanira ||
25. kusuma Dyah Sêkartaji | kang pinupu mring sang nata | Dèwi Têmon pêparabe | dene tinêmu mring wona | nanging Prabu Kêlona | sêlaminira katêmu | apan dèrèng sapocapan ||
26. tansah dipun sêmayani | marang Ni Citralangênan | apan sira sang akatong | pun Kêlona Sowandona | marang kusuma rara | mila sira sang aprabu | kang manah wayang-wuyungan [wayang-wuyunga...]
--- [f. 128r] ---
[...n] ||
27. sang nata manjing ing puri | apan sarwi ngundang-undang | adhuh mirah jiwaningong | Ni Citra gonku ngawula | gusti wong awibawa | wong ayu ayu anulus | ayunira lir pêrada ||
28. wong kuning kuning amanis | manise agawe brăngta | kêlimis têkan wêntise | gusti mirahipun kakang | wong ayu kula êmban | êmban dodot êmban sabuk | êmban udhêt êmban kopyah ||
29. sang nata ngandika aris | wau marang babu inya | biyang matura dèn age | marang gustimu Ni Citra | ingsun marêk Ni Citra | babu inya awotsantun | manjing marang dhatulaya ||
30. marêk marang gustinèki | kusuma Citralangênan | ni inya alon ature | ratu mas atur kawula | gusti raka panduka | Prabu Kêlona sang ayu | arsa marêk ing panduka ||
31. sang dyah angandika aris | kusuma [kusu...]
--- [f. 128v] ---
[...ma] Citralangênan | biyang matura dèn age | sang nata dèn sabar uga | ingsun arsa têlasan | kirang sadintên sêdalu | benjang ing Buda Cêmêngan ||
32. ingsun biyang acêtcawis | ing karsanira sang nata | payo matura dèn age | ni inya nulya wotsêkar | matur dhatêng sang nata | prapta ngarsane sang prabu | babu inya atur sêmbah ||
33. sang nata ngandika aris | lah kêpriye biyang inya | gustinira sang lir sinom | apa uwis tatêlasan | matur ni babu inya | atur kawula sang prabu | rayi panduka sang rêtna ||
34. kantun sadintên sawêngi | ênggènipun tatêlasan | nulya caos sang lir sinom | punapa karsa panduka | ature sang kusuma | ya ta mênggah sang aprabu | sêmona ing manahira ||
35. pan arsa nora dèn anti | dene ta kurang
--- [f. 129r] ---
sadina | nulya mênggahing manahe | ya ta sang prabu Kêlona | alon dènnya ngandika | lah sira matura babu | ingsun anganti sadina ||
36. nulya kondur sri bopati | ingiring para pawongan | kocapa sira sang sinom | Ni Dèwi Citralangênan | langkung dene sungkawa | angêrdatin manahipun | kondurira sri nalendra ||
37. sang rêtna micorèng galih | kaya ngapa polah ingwang [ing...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Emban menghadap Prabu Kelona Sowandona.]
--- [f. 129v] ---
[...wang] | benjang prapta wêkasane | Sang Kêlona Sowandona | yèn nora tinurutan | bangêt cuwane tyasipun | sang nata amawa duka ||
38. ya ta wau kusuma di | Ni Dèwi Citralangênan | sêmona wau karsane | sang rêtna arsa mêmuja | nanêtdha[53] mring juwata | sira kusumaning ayu | pan arsa amuja brăngta ||
39. angandika kusuma di | wau marang para inya | padha acaosa kabèh | lênga lulur lawan lăndha | ingsun arsa têlasan | pan arsa adus ping pitu | akuramas anggêgănda ||
40. sakathahe para cèthi | ature dhatêng sandika | pan sampun cumaos kabèh | punapa arsa panduka | Dèwi Citralangênan | akuramas kaping pitu | nulya wau anggêgănda ||
41. anggêgănda marbuk wangi | amênganggo sarya
--- [f. 130r] ---
seta | karsanira sang lir sinom | pan arsa amuja brăngta | anêtdha mring juwata | ya ta nalikaning dalu | sang dyah arsa pati raga ||
42. ni inya sampun acawis | ing karsanira sang rêtna | pan sampun sumêta kabèh | pasang rakite mamuja | anèng jro pêsarean | mênyan binêsmi kumutuk | kadi dhandhang awurahan ||
30. Dhandhanggula
1. ênêngêna kang amuja brangti | kawarnaa Panji Ponaraga | wau kang anèng dalême | tan pêgat brăngta wuyung | ingkang dadya puyênging galih | ature Astracapa | ginagas ing kalbu | Sang Ayu Citralangênan | pan kawarta anèng dalême sang aji | Kêlona Sowandona ||
2. dadya sira wau Radèn Panji | manahira awayang-wuyungan | kaya age wruh warnine | garwanira sang prabu | putri angsalira mêmanggih |
--- [f. 130v] ---
Ki Panji Ponaraga | alon dènnya muwus | marang Ki Menak Pêrsănta | lah[54] Jurudoh payo padha amêmaling | anèng pura ing sabrang ||
3. pan sandika ature mring gusti | Ki Jurudoh lawan Ki Pêrsănta | kalih sandika ature | mangkana sang abagus | musna sangking ing dalêm puri | Dyan Panji Ponaraga | lawan wulucumbu | anèng pura kasabrangan | kang sinêdya garwanira sri bopati | Kêlona Sowandona ||
4. têngah dalu wayahe kang wêngi | ya ta sira Panji Ponaraga | kadi juwata lampahe | pakuwon kang jinujuk | lampahira Rahadèn Panji | apan kadi juwata | asêti kêlangkung | tan adangu nulya prapta | ki tumênggung pan anèng pakuwon singgih | tan ana kang kacipta ||
5. pukul tiga wayahe kang wêngi | Radèn Panji manjing dalêm pura |
--- [f. 131r] ---
sêmona awas tingale | tumingal sang dyah ayu | Sêkartaji muja sêmèdi | sidhakêp ngèstupada | darijine ngrayung | baune mindha gandhewa | talingane sang rêtna ngêmbang giyanti | yèn tinon angsung brăngta ||
6. kusuma yu Dèwi Sêkartaji | pan sêsambat marang kaki dewa | padha turunana ingong | bêtthara ingkang luhung | age turunana wak mami | Bêtthara nawa songa | myang kaki tumurun | age sira turunana | lamun nora dewa ingkang anuruni | têtulung marang ingwang ||
7. datan wande ingsun angêmasi | marga sangking Sang Prabu Kêlona | aparipêksa maringong | ingsun pêlaur lampus | yèn pinêksa marang sang aji | ya ta kang mindha dewa | angêrs[55] manahipun | mirsa wuwuse sang rêtna | Radèn Panji angadêk anèng ing wuri | Dyan Panji Ponaraga ||
--- [f. 131v] ---
8. ya ta wau angandika aris | sira wau kang mindha juwata | amanis arum dêlinge | dhuh nini putuningsun | kêkasihe dewa linuwih | apa karane baya | nini putuningsun | sira nyawa muja brăngta | amêmuja marang juwata kang luwih | apa kang sira sêdya ||
9. lah matura babo mring pun kaki | apa baya ingkang sira têtdha | adhuh nini putuningong | mung sira putuningsun | aja sira muja sêmèdi | yèn sira muja brăngta | dewa padha bingung | Sêmarang akèh lêlara | padha atis watuk panas bari ngising | jalma pating sulayah ||
10. kêrantêne nyawa putu mami | lah matura nyawa mring pun eyang | ingsun jurungi karsane | aja ta sira minggu | luwarana amuja brangti | sira mudhara asta | babo putuningsun | ya ta Ni Căndrakirona | sarêng myarsa [myar...]
--- [f. 132r] ---
[...sa] wuwuse juwata luwih | nulya amudhar asta ||
11. gya tumênga Dèwi Sêkartaji | aningali kang mindha juwata | alon amudhar astane | sang dyah ika tumurun | kusuma yu Ni Sêkartaji | ngabêkti ngaras pada | alênggah tumungkul | mujar kang mindha juwata | pa karane putuningsun nini putri | sira amuja brăngta ||
12. pa karane putuningsun nini |
[Ilustrasi:] Panji mindha dewa. Sêkartaji.
[Redaksi: Panji menyamar menjadi dewa dan mendatangi Sekartaji yang sedang bersemedi.]
--- [f. 132v] ---
dene sira nanêtdha mring dewa | lah nani[56] apa karane | payo ta putuningsun | lah matura marang pun kaki | apa kang sira têtdha | babo putuningsun | ya ta Ni Căndrakirona | awotsêkar ature amêlasasih | dhatêng kang mendha dewa ||
13. dhuh pukulun dewa kang linuwih | pan kawula pan arsa têtanya | sintên baya kêkasihe | juwata kang tumurun | anuruni mring awak mami | sintên wastane baya | yyang kaki pukulun | mujar ingkang mindha dewa | lamun sira apitambuh marang mami | ingsun Sang Yyang Asmara ||
14. milaningsun nyawa anuruni | marang sira dene amêmuja | apa ta baya karsane | sang dyah alon umatur | mila ulun muja sêmèdi | nanêtdha marang dewa | yyang kaki pukulun | ulun kasêngkêlan manah | dene arsa rinaroda mring sang aji |
--- [f. 133r] ---
Kêlona Sowandona ||
15. upamine inggih awak mami | kêlampahan dipun paripêksa | dhatêng Sang Kêlona mangke | suka pêtjah wak ingsun | marang dewa ingkang linuwih | lamun awak kawula | maro ing pandulu | lawan putra ing Jênggala | ingkang mindha juwata mèsêm nauri | dhuh nyawa putuningwang ||
16. luwih bêcik putuningsun nini | akramaa lan Prabu Kêlona | aja dèn pikir lakine | Rahadèn Marabangun | Radèn Inu ing Kartapati | kaki putra Jênggala | pêrmona yèn lampus | mati satêngahing wona | Radèn Panji dèn măngsa garangan putih | jisime nora nana ||
17. atur sêmbah Dèwi Sêkartaji | dhuh pukulun sang dewa bêtthara | yèn èstu lamun wiyose | Rahadèn Marabangun | sayêktine kula belani | Rajaputra Jênggala | lamun èstu
--- [f. 133v] ---
lampus | kawula măngsa kantuna | pan kawula asangêt lumuh akrami | liya putra Jênggala ||
18. upamine babo putu mami | nini putri sira akramaa | ingkang padha sajajare | satriya ingkang bagus | kang prawira amangun jurit | kayadene ki putra | wong bagus anulus | ing rat jagat nora nana | iya iku gagêntènira Dyan Panji | Tumênggung Ponaraga ||
19. lamun sira gêlêm anglakoni | olih marang Panji Ponaraga | abêcik pêsatohane | panggih èstri lan jalu | apan panggih sanggar waringin | ujare kang petangan | padha karsanipun | sandhungane nora nana | praptèng sêpuh awèt kramanira nini | donya têkèng dêlahan ||
20. ya ta mèsêm Dèwi Sêkartaji | aturira sarwi awotsêkar | atur kawula wiyose | sênadyan luwih bagus | anglangkungi [anglang...]
--- [f. 134r] ---
[...kungi] marang Dyan Panji | Tumênggung Ponaraga | ulun datan ayun | kawula pêlaur pêtjah | batên sêdya kawula akrama malih | liya putra Jênggala ||
21. wangsul ulun atakèn ing warti | lamun èstu putra ing Jênggala | pêmona[57] inggih pêtjahe | kawula tumut lampus | ambelani dhatêng pun Panji | ya ta kang mindha dewa | alon dènnya muwus | pêsthi yèn mati têmênan | nora nana dewa watak anggorohi | yèn dewa suralaya ||
22. balik sira nini Sêkartaji | alakia Panji Ponaraga | abagus anom warnane | yèn mêksiha lakimu | pan wis tuwa iya Si Panji | lawan duwe lêlara | watuk laranipun | lan malih sukak sêretan | tadhahira sadina lawan sawêngi | siwang pik ing gang têngah ||
23. gawe apa nini Sêkartaji |
--- [f. 134v] ---
laki lawan Inu Kasatriyan | Si Panji ala warnane | barêng nyêrèt puniku | apa kowe kêlar ngladèni | mring ki putra Jênggala | yèn mêksiha iku | balik sira akramaa | ya oliha kang maca bae abêtcik | dhasar anak Sêmarang ||
24. ya ta sira Dèwi Sêkartaji | duk miyarsa wuwuse juwata | sang dyah sumaput panone | sang dyah pan ucul gêlung | ngasta patêrm[58] pabelan nênggih | pan arsa tuwêk raga | bela kakungipun | angunus patêrm pabelan | ingkang mindha juwata kagèt ningali | kumêtjot[59] manahira ||
25. gya cinandhak kusumaning adi | ingkang mindha dewa wuwusira | adhuh putuningsun anggèr | alyaa gita putu | nini sira arsa belani | apan durung karuwan | bok warta kêsawur | mêngko nini lakinira | kaki putra pan sampun kawarta mati | sun petangane [petang...]
--- [f. 135r] ---
[...ane] uga ||
26. têmên nora lawan angêmasi | sun etange dina lan pasaran | iku ingkang mêruhake | yèn ganjil panggihipun | pêsthi goroh wartane iki | ujare kang petangan | lakinira iku | pêsthi lamun mêksih gêsang | kaki Panji pêsthi yèn manggih basuki | pêrnahe lakinira ||
27. anèng gunung sukma katon nini | ing pêrnahe nyawa lakinira | tanpa wangênan adohe | paran tunggal pandulu | lamun nora trisna kêpati | nyawa ing lakinira | sayêktine putu | yèn prapta ngabêktènana | pan sandika ature Ni Sêkartaji | lamun èstu mangkana ||
28. pan kawula ulun ngabêktèni | sadhatênge putra ing Jênggala | yèn prapta padha sêmangke | kang mendha dewa muwus | nora goroh sira ta nini | yèn prapta lakinira |
--- [f. 135v] ---
rangkulên dèn gupuh | babo nini putuningwang | kaki Panji ing mêngko ana sêtjati | warnane kaya dewa ||
29. duk tumênga Dèwi Sêkartaji | aningali ingkang mindha dewa | nyata si lamun lakine | toh sêpah kasraban rambut |[60] katon mancur dipun tingali | Dèwi Căndrakirona | wirang manahipun | lèngsèr sangking palênggahan | kusuma yu angrungkêp ing kasur sari | ya ta kang mindha dewa ||
30. anututi ing garwa Dyan Panji | pan rinangkul Ni Căndrakirona | kinusya-kusya padane | dhuh mirah jiwaningsun | amung sira langêning ati | gusti mirah kawula | wong ayu anulus | kang angsung rarasing driya | ayunira tansah agawe wiyadi | sang dyah mijil kang waspa ||
31. Mijil
1. kusuma yu Dèwi Sêkartaji | kumêsar tyas kang wong | amicorèng sang dyah ing kalbune | nora [no...]
--- [f. 136r] ---
[...ra] wurung ingsun angêmasi | sangking wirang mami | dhuh kapriye ingsun ||
2. Radèn Panji wau anungkêmi | ing pangkon sang sinom | amlasasih rahadèn wuwuse | adhuh mirah gusti wong akuning | sêtyanana mami | yèn maro pandulu ||
3. amung sira mirah ingsun gusti | kang angsung wirangrong | sêtyanana pun kakang wiyose | pêrsamakna kadi wêrjit cacing | ping sapta dêdasih | gusti mirahingsun ||
4. osiking tyas mêngkono sang dèwi | paran polah ingong | iya paran polah ingsun mangko |[61] wus pinêsthi mangke awak mami | karsane dewa di | anyar kang sun dulu ||
5. Radèn Panji tansah angrarêmih | angimur sang sinom | lir bêrmara anukma sarine | dènnya amrih madune kang sari | ya ta kusuma di | alênjar tyasipun ||
6. Ki Pêrsănta lan Jurudoh singgih | anèng jaba [ja...]
--- [f. 136v] ---
[...ba] kang wong | padha lunga sangking ing pêrnahe | kang kocapa sira Radèn Panji | anèng tilam sari | karsane sang bagus ||
7. karsa kondur sira sang apêkik | kang garwa pinondhong | Sêkartaji wus ingêmban mangko |[62] nulya musna sangking dalêm puri | sira Radèn Panji | sêtine kêlangkung ||
8. Ki Pêrsănta lan Jurudoh singgih | anyaut wong wadon | para nyai ing sabrang ta mangko |[63] dipun pondhong apan angijèni | kang pinondhong nangis | sambat jaluk tulung ||
9. dhuh wong jaga tulungana mami | sun dèn gawa lampor | gêro-gêro ika pênangise | sanak kampung tulungana mami | nora wurung mati | dèn gawa gandruwo |[64]|
10. tan kawarna sira Radèn Panji | prapta ing kêtdhaton | anèng desa Ponaraga mangke | kusuma yu Dèwi Sêkartaji | pan eca aguling | sinarèkkên kasur ||
--- [f. 137r] ---
11. ya ta sira wau Radèn Panji | lêga tyase kang wong | dene sampun kêpanggih garwane | mila radèn suka ingkang galih | ya ta Radèn Panji | alon dènnya muwus ||
12. marang sira kadeyan ta singgih | sagung sanak ingong | payo padha kasukan ta mangko |[65] anabuha gamêlan Sêkati | Si Pênggagar singgih | nabuh gala ganjur ||
13. angrok lawan gamêlan Sêkati | inggar para sinom | ki tumênggung pan inggar manahe | nora mambu wong lagi ajurit | têka inggar sami | suka manahipun ||
14. ênêngêna sira Radyan Panji | lan kadeyan kang wong | ingkang padha kasukan arame | kang kocapa ing sabrang sang aji | Sang Kêlona singgih | sêdya nêmbang pangkur ||
32. Pangkur
1. kocapa Prabu Kêlona | karsanira arsa [ar...]
--- [f. 137v] ---
[...sa] umanjing puri | kêsaru ni inya rawuh | apan atur uninga | lamun garwa sang nata binêkta pandung | Ni Dèwi Citralangênan | musna sangking dalêm puri ||
2. ilang sangking pêsareyan | lawan inyanira gusti kêkalih | kados yèn binêkta pandung | gusti rayi panduka | Sang Kêlona Sowandona sarêng ngrungu | ature ni babu inya | sang nata
[Ilustrasi:] Klona Sowandona. Para inya.
[Redaksi: Para emban melapor kepada Prabu Kelana Sowandana bahwa Dewi Citralangenan telah hilang.]
--- [f. 138r] ---
duka tan sipi ||
3. jaja bang mawinga-winga | tingal adik pan kadi wora-wari | ciptanira sang aprabu | lir nuwêk tanpa dosa | Sang Kêlona Sowandona asru muwus | timbalana ariningwang | dèn kêbat ing ngarsa mami ||
4. akêbat ni babu inya | animbali wau dhatêng kang rayi | wus munggèng ngarsa sang prabu | Kêlona Tunjungseta | atur sêmbah munggèng ngarsane sang prabu | sang nata asru ngandika | wau marang ingkang rayi ||
5. hèh Kêlona Tunjungseta | mau bêngi aku kalêbon maling | lah ta yayi rabiningsun | Dèwi Citralangênan | apan ilang yayi binêkta ing pandung | prajurite wong Ngurawan | kêlangkung dene asêti ||
6. Sang Kêlona Tunjungseta | duk miyarsa andikane sang aji | ing pura kalêbon pandung | Kêlona
--- [f. 138v] ---
Tunjungseta | èsmu kagèt rahadèn ing manahipun | angrasa kêna ing cidra | tiwas angraksa sang aji ||
7. Sang Kêlona Sowandona | angandika payo dandana yayi | ingsun magut ing prang pupuh | arsa tumandang yuda | ariningsun arsa tandhing ing prang pupuh | lawan prajurit Ngurawan | sun ujane padha siji ||
8. Sang Kêlona Tunjungseta | sakêlangkung duka yayah sinipi | apamit dhatêng sang prabu | arsa anata bala | sêkathahe bala ing sabrang sêdarum | apan sampun ingundhangan | sêkarine ingkang mati ||
9. panggêtdhe para panglima | para raja wus sami dèn undhangi | akarsa magut prang pupuh | Kêlona Sowandona | sêdya ngantêp ing yuda ta karsanipun | kawula bala ing sabrang | kêlangkung suka [su...]
--- [f. 139r] ---
[...ka] ing galih ||
10. wus sami tata gêgaman | bala sabrang sagung para prajurit | sêbala sajuru-juru | rakite wong ayuda | wadya sabrang sagêgamaning prang pupuh | pêtdhang kêlawan kêlewang | lêmbing tanapi suligi ||
11. wus rakit gêgamanira | wadya sabrang sêdyane andrah pati | nulya budhal bala agung | sêdya mangsah ing yuda | kang kocapa wau sira ki tumênggung | sira Panji Ponaraga | pan sampun amirsa warti ||
12. lamun bala tanah sabrang | mangsah yuda ya ta Rahadèn Panji | para kadeyan sêdarum | kinèn amapak yuda | anindhihi wadya Ngurawan sêdarum | Ki Undhakan Astradona | wau kang tinuduh kardi ||
13. datan kawarna sêmana | sêkathahe para kadeyan Panji | wus anata bala agung | wadyabala Ngurawan | ingundhangan [ingundhanga...]
--- [f. 139v] ---
[...n] sêdaya magut prang pupuh | tinata sagamanira | wong Ngurawan kabèh wani ||
14. wus tata bala Ngurawan | sêkathahe punggawa lawan mantri | sabala sajuru-juru | anggêrgut tandangira | miwah para kadang kadeyan sêdarum | ambakoni ing payudan | wus budhal sagunging baris ||
15. wong sabrang sampun sêtdhiya[66] | wong Ngurawan pan sampun amiranti | ayun-ayunan prang pupuh | rame surak-sinurak | sami wani arame sudirèng pupuh | kang wadyabala sumahab | anulya bêtdhil-binêtdhil ||
16. wastane têtiyang Jawa | aprang watang repot yèn aprang bêtdhil | wong sabrang wus karyanipun | aprang olah sênjata | wong Ngurawan akathah kang nandhang tatu | wadyabala kasabrangan | polahe anggêgilani ||
17. mêngkana para kadeyan |
--- [f. 140r] ---
aningali balane akèh mati | wong Ngurawan kathah lampus | Undhakan Astracapa | lawan Radèn Malangsumirang angamuk | lawan Maesa Pênggagar | miwah Maesa Giyanti ||
18. Ki Macangugur umangsah | pra kadeyan sami ngawaki jurit | pan sarêng asarok[67] amuk | anêsêk bala sabrang | pan ingêdrèl kadeyan anurut kukus | angamuk lawan curiga | tan ajrih katiban mimis ||
19. Ki Punta lawan Kêrtala | wong kêkalih angamuk ngobrak-abrik | bala sabrang kathah lampus | ingkang katrajang bubar | aprang rukêt wong sabrang pating bilulung | ingamuk para kadeyan | pêpati susun matindhih ||
20. wong sabrang pating tarunjang | ting balêbêr playune rêbut dhingin | Kêbo Pêrdanggi tinandhu | dening bala ing sabrang | ya ta sira Hèrmada winuwus [wi...]
--- [f. 140v] ---
[...nuwus] |[68] aprang lan Kêbo Pênggagar | arame asilih ukih ||
21. apanggih padha prawira | pan arame sami ukih-ingukih | pêtdhang-pinêtdhang asaguh | ya ta sira Hèrmada | dipun bithi sirahira apan rêmuk | amuncrat ludiranira | sira Hèrmada ngêmasi ||
22. gègèr bala kasabrangan | panggêtdhene apan sami kalindhih | pun Gagakrimang winuwus | aprang lan Astracapa | pan arame uthik tumbak kalihipun | arame tumbak-tinumbak | Gagakrimang kasêliring ||
23. tinumbak lambunge dhungkah | Gagakrimang aniba anjumpalik | Sang Gagakrimang kêsambut | gègèr wong kasabrangan | Sang Kêlona Sowandona sarêng dulu | lan Kêlona Tunjungseta | prajurite akèh mati ||
24. Sang Kêlona Tunjungseta | sakêlangkung dukanira [du...]
--- [f. 141r] ---
[...kanira] tan sipi | anulya asarok amuk | lawan sabalanira | sikêp panah angajrihi dènnya buru | wadyabala ing Ngurawan | pan samya mundur kang jurit ||
33. Durma
1. wong Ngurawan katrajang kathah kang pêtjah | punggawa kathah mati | wadya ing Ngurawan | datan măngga puliha | punggawane akèh mati | pating sulayah | kang mara-mara mati ||
2. anêrajang sira Maesa Pênggagar | arsa ngêmbuli jurit | Klona Tunjungseta | sigra nyandhak jatmaka | Pênggagar dipun jêmparing | santêring panah | sangking wulêting kulit ||
3. nora pasah aniba kêrasa lara | asangêt datan eling | ya ta ginosongan | ing wadyabalanira | Macangugur aningali | kadange tiwas | lajêng apulih gêtih ||
--- [f. 141v] ---
4. anêrajang mring Kêlona Tunjungseta | dèn lêpasi jêmparing | ya ta kapêrjaya | Macangugur aniba | sangking wulêtding[69] kang daging | pan nora pasah | aniba nora eling ||
5. Ki Pêrmadi sigra anulya nêrajang | linêpasan jêmparing | niba kapidhara | lali purwa duksena | sangking mandine jêmparing | para kadeyan | tan kuwawa nadhahi ||
6. Astradona tumingal sigra tumandang | umangsah ing ajurit | Klona Tunjungseta | ya ta mênthang jatmaka | Astradona dèn lêpasi | Dyan Astradona | prayitna anadhahi ||
7. dyan cinandhak buntare ingkang jatmaka | wong sabrang alok mati | pan sarwi asurak | sira Ki Astradona | ingêlokakên ngêmasi | prajurit sabrang | sumbare angajrihi ||
8. duk tumingal [tu...]
--- [f. 142r] ---
[...mingal] pun Kêlona Tunjungseta | tan wurung sira mati | kêna ing sênjata | măngsa silih mindhoa | panah ingsun luwih mandi | pilih kang kêlar | prajurit anadhahi ||
9. asru mujar Ki Undhakan Astradona | baya atismak dhingklik | tismak bathok sira | lah mara tingalana | dèn awas sira ningali | jatmakanira | sun tugêl dadi kalih ||
10. duk tumingal Sang Kêlona Tunjungseta | duka yayah sinipi | hèh nyata prawira | Undhakan Astradona | sira amanaha malih | jatmakanira | pêsthi lamun ngêmasi ||
11. Astradona wau ingudanan panah | apan nora gumingsir | Radèn Astradona | polahe kadi pêrjak[70] | ingudanan lan jêmparing | pun Astradona | lir dhali nampar warih ||
12. èsmu kewran Sang Kêlona Tunjungseta [Tunjung...]
--- [f. 142v] ---
[...seta] | lah malêsa dèn aglis | asru angandika | Kêlona Tunjungseta | jêmparingira wus ênting | agênti manah | ingsun arsa ngicipi ||
13. anauri Ki Undhakan Astradona | lah iya dèn abêcik | sira tadhahana | mêngko pêmalês ingwang | anulya ngagêm jêmparing | panah ingasta | nulya dipun ayati ||
14. kang dèn arah jajane
[Ilustrasi:] Astradona. Klana Tunjungseta.
[Redaksi: Astradona membidikkan panah pada Klana Tunjungseta.]
--- [f. 143r] ---
Sang Tunjungseta | ya ta sampun matitis | apan nora pasah | nanging ta kapêrwasa | sangking santêring jêmparing | nadyan wulêta | kulite kang prajurit ||
15. pêsthi rêmpu balunge kang jêro ika | milane nora eling | anulya sinurak | dening bala Ngurawan | gègèr sagung bala wingwrin | sami puyêngan | gustine dèn gosongi ||
16. dipun bêta lumajar mring balanira | wong Jawa ngukih wani | bala kêsabrangan | sami bubar sêdaya | angungsi maring sang aji | Prabu Kêlona | duka yayah sinipi ||
17. sri nalendra sigra magut ing ayuda | sêdya apulih gêtih | lawan balanira | Kêlona Sowandona | nanging kasaput ing wêngi | kêndhak manahnya | dadya kèndêl sang aji ||
18. wong Ngurawan [Ngu...]
--- [f. 143v] ---
[...rawan] kundur sami mêsanggrahan | ya ta wau sang pêkik | Radèn Astradona | lawan sêbalanira | arsa marêk ing sang aji | pun Astradona | arsa atur upêksi ||
19. kang kocapa sira Sang Prabu Ngurawan | munggèng ing păncaniti | lagya apinarak | lan Panji Ponaraga | atanapi kyana patih | munggèng ngayunan | eca agunêm kawis ||
20. duk kêsaru praptane Dyan Astradona | sang nata sarêng ningali |[71] sarwi awotsêkar | Undhakan Astradona | sang nata ngandika aris | mring Astradona | têka rêsêp kang galih ||
21. angandika sang aprabu ing Ngurawan | dhatêng Rahadèn Panji | iku apanira | kang mêntas magut yuda | warnane sun dulu sami | kêlawan sira | matur Rahadèn Panji ||
--- [f. 144r] ---
22. atur sêmbah Radèn Panji Ponaraga | pukulun sri bopati | Radèn Astradona | èstu ari kawula | ulun karya wakil jurit | angrèhkên wadya- | bala Ngurawan sami ||
23. sri nalendra sarêng wau amiyarsa | ature Radèn Panji | lamun Astradona | nyata yèn kadangira | sang nata rêsêp ing galih | mring Astradona | kang manah brăngta kingkin ||
34. Asmaradana
1. mêngkona sira sang pêkik | Ki Undhakan Astradona | ginunggung marang sang katong | abagus prawirèng yuda | Undhakan Astradona | kadi kêmbar yèn dinulu | lawan Panji Ponaraga ||
2. angandika sri bopati | marang Panji Ponaraga | arum ing pangandikane | alah Panji Ponaraga | dhuh radèn putraningwang | iku kaki sêdulurmu | Ki Undhakan [Undhaka...]
--- [f. 144v] ---
[...n] Astradona ||
3. ingsun nora angawruhi | lah radèn măngsa bodhoa | arinira angrèhake | sira Radèn Astradona | sumungkêm ing pratala | asangêt panuwunipun | wau dhatêng sri nalendra ||
4. ngraos tan wagêt mangsuli | sihira Prabu Ngurawan | Dyan Astradona ing mangke | kadi konjêm ing pêrtala | miwah raja pinutra | asangêt panuwunipun | Radèn Panji Ponaraga ||
5. mangkona sri narapati | sang aprabu ing Ngurawan | anulya jêngkar ngêtdhaton | bubar ingkang sami seba | sagung para punggawa | Rahadèn Panji winuwus | apan sampun mêsanggrahan ||
6. para kadeyan angiring | rahadèn lajêng kasukan | kêlawan para kadange | Ki Undhakan Astradona | antuk sihe sang nata |
--- [f. 145r] ---
jinunjung ing lungguhipun | anglurahi mantri jaba ||
7. sagunge punggawa mantri | sami anggugung[72] sêdaya | wau kêlawan rahadèn | ya ta malih kang kocapa | kusuma ing Ngurawan | sang rêtna sêkar kêtdhatun | Ni Dèwi Kumudaningrat ||
8. lagya pinarak sang dèwi | lan sagunge para inya | andhèr munggèng ing ngarsane | Ni Dèwi Kumudaningrat | lah biyang ingsun tanya | kayaparan wartanipun | kakang êmas Astradona ||
9. antuk pêngalêm sang aji | kakang êmas Astradona | apan jinunjung linggihe | kinarya lurah punggawa | bagus dhasar prawira | dadya andêling prang pupuh | mungsuh bala wadya sabrang ||
10. larut datan ana kari | katonton prawiranira | milane sira rahadèn | angsal sihira sang nata |
--- [f. 145v] ---
malah sinung palênggah | anglurahi mantri agung | wadya Ngurawan sêdaya ||
11. karèh marang sang apêkik | Ki Undhakan Astradona | ingkang dadi wêdanane | mèsêm kusuma Ngurawan | pan sarwi angandika | mendahane saya angkuh | si dhungkah kêlarah-larah ||
12. agawe rasaning ati | kakang êmas Astradona | benjang yèn karta jamane | sun têdha marang juwata | kakang mas Astradona | muga wêlasa maringsun | sun rewangi lara lapa ||
13. biyang lungaa dèn aglis | maring dalêm kêradenan | aturêna pawoh ingong | maring kakang Astradona | burat kêlawan wida | atanapi jêbat arum | lawan sumping gagubahan ||
14. sarta busona kang adi | sapêngadêk aturêna | warahên pêparing ingong | lawan iki [i...]
--- [f. 146r] ---
[...ki] aturêna | bibi layang manira | katura marang sang bagus | kakang êmas Astradona ||
15. babu inya matur aris | ature inggih sandika | têtiga ika rowange | sêdya marang kêradenan | ya ta ni babu inya | duk sêmona lampahipun | prapta anèng kêradenan ||
16. kocapa sira sang pêkik | Ki Undhakan Astradona | pinarak anèng dalême | sineba ing punakawan | sami munggèng ngajêngan | pan sami makani puyuh | ana kang makani jalak ||
17. ana marangi jêmparing | sawênèh marangi tumbak | ana kang gêbêk bêtdhile | sami munggèng ing ngajêngan | kêsaru praptanira | utusanira sang ayu | kusuma sêkaring pura ||
18. babu inya awotsari | alênggah anèng ngajêngan | Dyan [Dya...]
--- [f. 146v] ---
[...n] Astradona wuwuse | hèh biyang kinongkon apa | dhatêng sang liring pura | babu inya awotsantun | rahadèn lampah kawula ||
19. ingutus dhatêng sang dèwi | angaturakên dhaharan | burat atanapi gantèn | sarta kêlawan busona | pêngange adi mulya | lawan malih sang abagus | inggih pinaringan sêrat ||
20. ya ta sira sang apêkik | Ki Undhakan Astradona | langkung kumênyut manahe | dene kusuma Ngurawan | sangêt pasihanira | sigra tinampanan sampun | sêrate kusuma rara ||
21. sinăngga ing asta kalih | wau kang punang nuwala | sinuwun-suwun rahadèn | kang surat sigra binuka | tansah sinawang-sawang | dhatêng sira sang abagus | kusuma di ing Ngurawan ||
22. dene
--- [f. 147r] ---
asih marang mami | apa ta baya têmênan | trisnane mring awak ingong | sokur bage gustiningwang | asih wong kawlasarsa | anulya winaca gupuh | wau kang punang nuwala ||
23. pèngêt bêrbukaning tulis | punika sêrat kawula | kusuma sêkar kêtdhaton | katura dhatêng panduka | kang êmas Astradona | wiyosipun awak ingsun | milane atur uninga ||
24. dhatêng kakang mas wong sigit | Ki Undhakan Astradona | inggih radèn awak ingong | rahadèn atur kawula | inggih dhatêng panduka | kawula angawu-awu | dhatêng panduka rahadyan ||
25. nanging ta panêtdha mami | ing dewa lawan bêtthara | mugi wêlasa rahadèn | wong bagus dhatêng kawula | benjang kartaning jaman | sun têdha mring dewa luhung | tulusa amanggih
--- [f. 147v] ---
arja ||
26. yèn benjang manggih basuki | muga ta kakang tulusa | asih dhatêng awak ingong | sokur bage yèn panduka | têtinjo maring pura | dene panduka wong bagus | eman yèn tan kêlakona ||
27. sumêtdhot raosing galih | Ki Undhakan Astradona | sangsaya agêng manahe | dene wau amiyarsa | ungêle kang nuwala | pan ing mangke sang dyah ayu | kusuma adi Ngurawan ||
28. kêlangkung asih ing galih | Ki Undhakan Astradona | èngêt wau prasêtyane | Ki Undhakan Astradona | ngadêk suraning nala | ya ta ngandika sang bagus | marang kang punang utusan ||
29. lah mara matura bibi | dhatêng kusuma Ngurawan | abangêt tarimaningong | datan wagêt mangsulana | pasihane sang rêtna |
--- [f. 148r] ---
lah pirabara ing besuk | yèn ingsu[73] manggih raharja ||
30. măngsa wurunga pinanggih | yèn jamane sampun karta | ing mangke nuwun ature | kawula ajrih kalintang | dhatêng kanjêng pangeran | sarta inggih sang aprabu | kawula ngêmban parentah ||
31. babu inya atur bêkti | mundur sangking ing ngajêngan | katiga ika rowange | Ki Undhakan Astradona | angungun manahira | datan kawarna ing ênu | lampahe inya têtiga ||
32. kocapa sri narapati | Sang Kêlona Sowandona | kang lagya asor jurite | sira Sang Prabu Kêlona | sangêt duka ing manah | dene sira sang aprabu | balane kathah kang pêtjah ||
33. para raja kathah mati | tanapi para panglima | punggawane sirna kabèh | miwah mangke Sang Kêlona | kang rayi Tunjungseta | apan [apa...]
--- [f. 148v] ---
[...n] apês juritipun | dènira yuda kênaka ||
35. Pangkur
1. Sang Kêlona Sowandona | sang aprabu sangêt duka ing galih | sumêdya asoroh amuk | Kêlona Sowandona | ingkang manah pan sampun anyipta lampus | wirang yèn ingsun uripa | dene akasoran jurit ||
2. kêlangkung wirang wak ingwang | lamun ingsun lumayua ing jurit | baya sun pêlaur lampus | wirang marang juwata | apan ingsun kaloka ratu pinunjul | mangke anèng tanah Jawa | ratu lumayu ing jurit ||
3. ya ta Sang Prabu Kêlona | sigra nêmbang têngara ing ajurit | têrsăndha magut prang pupuh | sumêrk[74] bala ing sabrang | samya kumpul sêkarine ingkang lampus | wong sabrang samya gumbira | pan sami anderah pati [pa...]
--- [f. 149r] ---
[...ti] ||
4. bubar bala kêsabrangan | praptèng rana sami asilih-ukih | wong sabrang anantang mungsuh | ya ta bala Ngurawan | duk tumingal kang mêngsah anantang mungsuh | Ki Undhakan Astradona | pan sampun anata baris ||
5. wadyabala ing Ngurawan | kang tumingal sêdaya sami wani | sumahab pan samya purun | para kadang kadeyan | pan sêdaya sami siyaga ing pupuh | pan anggêrgut tandangira | anêdya apulih gêtih ||
6. sêmana anulya budhal | wong Ngurawan ayun-ayunan jurit | kang yuda anulya campuh | wadyabala Ngurawan | lan wong sabrang arame amuk-ingamuk | wadya Jawi lawan sabrang | pan sami wantêr ing jurit ||
7. wadyabala tanah sabrang | sampun têlas sakarine kang mati | mungsuh wong
--- [f. 149v] ---
Ngurawan agung | wadyabala ing sabrang | apêrsasat wau karubuhan gunung | wadya sabrang kathah pêtjah | akathah kang nandhang kanin ||
8. Sang Kêlona Tunjungseta | lan kang raka sumêdya andrah pati | kalihe asoroh amuk | Kêlona Sowandona | lan kang rayi Tunjungseta barêng ngamuk | wadya Ngurawan kèh pêtjah | pan kadi babatdan[75] pacing ||
9. tandang kang para kadeyan | pan sêdaya sami amagut jurit | wadya sabrang langkung pêngkuh | Kêlona Tunjungseta | pêngamuke duk sêmana sampun ribut | wus panggih ayun-ayunan | lan Kêbo Pênggagar singgih ||
10. sira Sang Kêbo Pênggagar | dèn sênjata salira ngrasa sakit | Sang Kêbo Pênggagar mundur | angrasa yèn kêlaran | Macangugur tumandang
--- [f. 150r] ---
apan wus pangguh | Sang Kêlona Tunjungseta | têngginas nyandhak jêmparing ||
11. Macangugur dèn sênjata | jaja gêsêng aniba datan eling | Macangugur wus rinêbut | ingundurakên bala | ingkang raka Mesa Giyanti têtulung | nulya wau dèn sênjata | aniba pan nora eling ||
12. Ki Astracapa bramatya | anêrajang nulya nyandhak jêmparing | sinênjata radyan bagus | kêna lambunge niba | sêprandene nora pasah datan emut | ingundurakên balanya | gègèr wong Ngurawan gusis ||
13. Ki Undhakan Astradona | aningali kadange padha ngisis | bramatya ing tandangipun | nulya nyandhak jatmaka | dèn dhingini dipun panah jajanipun | jatmaka nulya cinandhak | dipun putung dadya kalih ||
14. Sang Kêlona [Kêlo...]
--- [f. 150v] ---
[...na] Tunjungseta | dipun walês radèn sigra jêmparing | ambênêri jajanipun | Kêlona Tunjungseta | kapidhara aniba pan nora emut | ingundurakên kang bala | kang raka sarêng ningali ||
15. ingkang rayi kapidhara | Sang Kêlona duka yayah sinipi | sigra umangsah Sang Prabu | Kêlona Sowandona | dèn sênjata marang sira
[Ilustrasi:] Astradana. Klana Sowandona.
[Redaksi: Astradana membidikkan panah pada Klana Sowandona.]
--- [f. 151r] ---
sang abagus | dèn arah ing jajanira | apan kêna amatitis ||
16. Sang Kêlona Sowandona | apan kêna jajane sri bopati | lajêng niba sang aprabu | Kêlona Sowandona | wus kantaka sinurak ing bala agung | sêmana Prabu Kêlona | kasilir maruta ngidid ||
17. Sang Kêlona Sowandona | tatunira mulya jênggèlèk tangi | sang nata lajêng umagut | Undhakan Astradona | sigra nyandhak jatmaka malih sang bagus | ingarah Prabu Kêlona | camah tibaning jêmparing ||
18. kang panah nora tumama | sri bopati ingudanan jêmparing | Sang Kêlona datan mundur | Kêlona Sowandona | pan angrasa sayah tandange prang pupuh | dene Sang Prabu Kêlona | ing manah anyipta pati ||
--- [f. 151v] ---
19. Rahadèn Selakêndhaga | jatmakane agêm pan sampun ênting | sigra nulya narik dhuwung | lajêng rukêt yudanya | ya ta kuwêl Sang Kêlona lan sang bagus | Rahadèn Selakêndhaga | ginoco tinitir-titir ||
20. nanging ta datan tumama | Sang Kêlona winalês anggulinting | sang prabu pan sampun lampus | pêtjah dening curiga | asêsumbar Astradona nguwuh mungsuh | lah payo wong tanah sabrang | tan ana mundur ing jurit ||
36. Durma
1. cinarita Sang Kêlona Sowandona | apan andarbe aji | aran păncasona | mila tan wagêt pêtjah | wus palastra urip malih | yèn tatu sira | kasilir dening angin ||
2. tatu rapêt sang nata lajêng
--- [f. 152r] ---
agêsang | anulya pulih gêtih | Radèn Astradona | anulya tinêrajang | wong sabrang apulih gêtih | Dyan Astradona | panggah datan gumingsir ||
3. pan arame gènira abăndayuda | agênti salin kêris | asurak-sinurak | wadya Jawi lan sabrang | agênti ukih-ingukih | Prabu Kêlona | sami prawirèng kalih ||
4. lawan sira Rahadèn Selakêndhaga | rame agênti kêris | Radèn Astradona | kuwalahên ngayuda | dene mungsuhira jurit | luput ing pêtjah | wus mati urip maning ||
5. sêmu sayah Ki Undhakan Astradona | ya ta kèngsêr ing jurit | Radèn Astradona | giris nulya lumajar | sêdya matur Radèn Panji | nora kuwawa | mêngsah mring sri bupati ||
6. Sang Kêlona tuhu kêlamun prawira |
--- [f. 152v] ---
dene luput ing pati | Sang Prabu Kêlona | tuhu lêpat ing pêtjah | milanira sang apêkik | Dyan Carangwaspa | ing ajurit kalindhih ||
7. wadya sabrang surake lir gunung rêbah | Prabu Kêlona angling | payo sinatriya | aja sira lumajar | dèn pondhèh sirèng ajurit | padha prawira | payo aja gumingsir ||
8. atêngginas Radèn Panji Ponaraga | miyat ari kalindhih | aprang mring Kêlona | Sang Panji èsmu duka | anulya nyandhak jêmparing | Prabu Kêlona | linêpasan jêmparing ||
9. jajanira sang nata kang kapêrjaya | lajêng niba ngêmasi | Sang Prabu Kêlona | pan kadi Dasamuka | sang nata luput ing pati | kala sêmana | păncasonanya dadi ||
10. sri nalendra kasilir ing samirona | jênggèlèk nuli tangi |
--- [f. 153r] ---
Sang Prabu Kêlona | mangsah ing adilaga | sang nata apulih gêtih | pêngamukira | sri bopati angukih ||
11. ginarumung dening bala ing Ngurawan | sarwi binendrong bêtdhil | Sang Prabu Kêlona | tan kandhêk tandangira | pan angamuk karo kêris | pating sulayah | wadya lit kathah mati ||
12. langkung duka Radèn Panji Ponaraga | balane akèh mati | mêngsahe ngayuda | pan nora kêna pêtjah | ya ta malih dèn jêmparing | Prabu Kêlona | jajanira kang kêni ||
13. kapêrjaya aniba lajêng palastra | sinurak bala alit | tan dangu sêmona | kasilir samirona | tatu mulya urip malih | Prabu Kêlona | angamuk ngobrak-abrik ||
14. wong Ngurawan sami kêkês manahira | dene sri narapati | datan bisa pêtjah |
--- [f. 153v] ---
langkung dening prawira | mati mati urip maning | Prabu Kêlona | langkung èmêng kang galih ||
15. mêngsahira dikjaya luput ing pêtjah | Tumênggung Ponaragi | pêtêng manahira | ya ta Menak Pêrsănta | nungkêmi padane Panji | dhuh gustiningwang | milane sang apêkik ||
16. angandika Radèn Panji Ponaraga | dhuh kakang sanak mami | paran budinira | dene Prabu Kêlona | lah kaki luput ing pati | tan bisa pêtjah | wis mati urip maning ||
17. kayaparan mêngko kakang budinira | dene wong luput pati | bokmênawa ana | lah kakang dayanira | Menak Pêrsănta tur bêkti | dhuh gustiningwang | lawan dèn paekani ||
18. langkung gampil paekane păncasona | sênadyan luput pati | lamun pinaekan | pêsthi lamun palastra [pala...]
--- [f. 154r] ---
[...stra] | dene paekane gusti | wong luput pêtjah | dèn lêbêtakên jadhi ||
19. dipun bubur pêsthi moprol balungira | daging dadi gulali | pêsthi lamun pêtjah | upami tan matia | punapa têdhaking bêlis | sênadyan setan | binubur mêsthi mati ||
20. ya ta mèsêm Radèn Panji Ponaraga | apa mêngkono ugi | lah kakang Pêrsănta | sun rasa bênêr sira | Menak Pêsona[76] nauri | lamun lêpata | wong tuwa tanpa kardi ||
21. ya ta sira Radèn Panji Ponaraga | nulya mundhut jêmparing | sênjata wasiyat | panah rante turunan | ingasta Rahadèn Panji | punang jatmaka | anèng asta kumrincing ||
22. asêsumbar Sang Kêlona Sowandona | lah payo padha bêcik | alah ta tadhahana |[77] lah Panji Ponaraga | yèn [yè...]
--- [f. 154v] ---
[...n] nyata sira prajurit | aja lumajar | payo padha wong bêcik ||
23. anauri Ki Tumênggung Ponaraga | nora lumayu mami | hèh Prabu Kêlona | tan ajrih marang sira | alah payo padha bêcik | lah tadhahana | iki jêmparing mami ||
24. anauri Sang Kêlona Sowandona | payo tibakna aglis | Panji Ponaraga | lah sira mêtdhatiya[78] | bungsur kêlawan jêmparing | măngsa gingsira | lah payo padha bêcik ||
25. Radèn Panji anulya mênthang gandhewa | sarwi ngandika aris | payo tadhahana | tibane panah ingwang | sigra lumêpas tumuli | ingkang jatmaka | panah rante kumrincing ||
26. kang dèn arah jajane Prabu Kêlona | jangganira matitis | wau kang jatmaka | anggubêt marang jăngga | marang asta angrèmbèti | kêkalih [kêka...]
--- [f. 155r] ---
[...lih] pisan | kêrangkus dèn talèni ||
27. praptèng suku Prabu Kêlona aniba | pan nora bisa osik | sinurak ing bala | gumêr bala Ngurawan | samya bungah ingkang ati | Prabu Kêlona | kabuntêl ing jêmparing ||
28. Sang Apanji langkung bungah manahira | andulu sri bopati | Klona Sowandona | dene sampun kabănda | panah rante
[Ilustrasi:] Klona Sowandona. Panji.
[Redaksi: Prabu Kelana Sowandana tersungkur terkena panah rante milik Radèn Panji Ponaraga.]
--- [f. 155v] ---
analèni | Prabu Kêlona | pan nora bisa osik ||
29. Ki Pêrsănta amarani bari bêksa | anjogèt cara Bali | lah payo budia | babo Prabu Kêlona | yèn nyata prajurit sêti | sira sun bănda | tan wurung sun bèthèti ||
30. nora wurung sira ingsun rajang-rajang | ingsun cawisi kunir | sira ingsun masak | cowan-cowan ta sira | bokongira ingsun êtim | pan atinira | sun kêla brambang kunci ||
31. sami suka sagunge bala Ngurawan | mulat sri narapati | Sang Prabu Kêlona | kapupu yudanira | Ki Pêrsănta asêsirik | Prabu Kêlona | netranira mêtcicil[79] ||
32. angandika Ki Tumênggung Ponaraga | babo sri narapati | Sang Prabu Kêlona | lah apa karsanira | apa sira jaluk urip | mênawa sira | ing mêngko jaluk mati ||
--- [f. 156r] ---
33. angandika Sang Kêlona Sowandona | lah patènana mami | dene amêmirang | ingsun têluk mring sira | age patènana mami | lan maning uga | apa gawe matèni ||
34. ingsun iki manungsa luput palastra | tan pasah dening wêsi | Panji Ponaraga | alon ing wuwusira | aja sira nantang pati | pan nora nana | jalma luput ing pati ||
35. nyawanira wus kagêm ing astaningwang | Tumênggung Ponaragi | alon wuwusira | kakang sira karyaa | ingkang kinarya matèni | Menak Pêrsănta | sêndika aturnèki ||
36. Ki Jurudoh wus angambil jadhi sira | anulya dèn gênèni | umop ingkang toya | Kêlona Sowandona | sigra dèn andhang-andhangi | wusnya mêngkona | anulya dèn lunasi ||
37. dipun goco jajane Prabu Kêlona | rahnya tan tibèng siti |
--- [f. 156v] ---
milane palastra | wau sri naranata | linêbêtakên ing jadhi | wus ginênenan | kang toya molak-malik ||
38. dadya losoh sang nata anèng jro kawah | ajur kulit lan daging | wus ajur sêdaya | balunge padha pisah | gawok kang sami ningali | bala Ngurawan | kang manah brăngta kingkin ||
1 | Bêjagalan. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: ika ngunggah-unggahi. (kembali) |
3 | wêcona (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
4 | ngoyok-oyok. (kembali) |
5 | ngoyok-oyok. (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata: wtune Kirona Panji. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: kopyah dèn sêbrot malih. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: tuk-ngantuk dèn thuthuki. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: wau kagèt punika. (kembali) |
10 | ngandhêg-andhêgi. (kembali) |
11 | Lebih dua suku kata: katok uga awak ingwang. (kembali) |
12 | Kirona. (kembali) |
13 | lêjar (di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
14 | Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu e: pan wong dalêm sami turu kabèh. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: anèng ing pungkuran wau. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: apan ya ta nora nana. (kembali) |
17 | kêthèk. (kembali) |
18 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
19 | Lebih satu suku kata: buyut canggah tulunga. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: dèn lêlarak pan sarwi dèn gêbugi. (kembali) |
21 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
22 | bêdhah. (kembali) |
23 | gêjuk-gêjuk (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: dhingin ingkang angêluruk. (kembali) |
25 | mêspadakkên. (kembali) |
26 | kalesedan. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: nadyan ingsun katura. (kembali) |
28 | aldaka. (kembali) |
29 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
30 | aldaka. (kembali) |
31 | jêjanggan. (kembali) |
32 | cêcantrikipun. (kembali) |
33 | acêcawis (dan di tempat lain). (kembali) |
34 | gusti. (kembali) |
35 | têdah. (kembali) |
36 | Di bait 4 ini dan bait 5 berikut, gatra ke-3, ke-4, dan ke-5 sama. (kembali) |
37 | Angrungdaya. (kembali) |
38 | Panji. (kembali) |
39 | ingabên. (kembali) |
40 | Lebih satu suku kata: tiyang papa kawlasarsa. (kembali) |
41 | Gêdhah. (kembali) |
42 | wêcana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
43 | Lebih tiga suku kata: arame ulêng-ulêngan. (kembali) |
44 | Lebih satu suku kata: wong Jawa nyêrêk yuda. (kembali) |
45 | andik (dan di tempat lain). (kembali) |
46 | Bandung. (kembali) |
47 | wêjanine. (kembali) |
48 | arta. (kembali) |
49 | Penomoran teks asli halaman 121 dua kali, pada halaman 121v dan 122v. (kembali) |
50 | wêjani. (kembali) |
51 | Lebih satu suku kata: yèn mikul bot lèrèna. (kembali) |
52 | pamêdhangira. (kembali) |
53 | nanêdha (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
54 | lan. (kembali) |
55 | angrês. (kembali) |
56 | nini. (kembali) |
57 | pêrmona. (kembali) |
58 | patrêm (dan di tempat lain). (kembali) |
59 | kumêjot. (kembali) |
60 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
61 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
62 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
63 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
64 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
65 | Biasanya guru lagu e: mangke. (kembali) |
66 | sêdhiya (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
67 | asorok (dan di tempat lain). (kembali) |
68 | Kurang dua suku kata: ya ta sira Hèrmada ingkang winuwus. (kembali) |
69 | wulêding. (kembali) |
70 | prênjak. (kembali) |
71 | Lebih satu suku kata: nata sarêng ningali. (kembali) |
72 | anggunggung. (kembali) |
73 | ingsun. (kembali) |
74 | sumrêk. (kembali) |
75 | babadan. (kembali) |
76 | Pêrsănta. (kembali) |
77 | Lebih satu suku kata: alah tadhahana. (kembali) |
78 | mêdhatiya. (kembali) |
79 | mêcicil. (kembali) |