Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 37-54)
1. | Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 01-17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 18-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
3. | Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Pupuh 37-54). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
» | Panji Marabangun, British Library (Or 15026), 1861, #1040 (Ringkasan). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 156v lanjutan] ---
37. Asmaradana
1. ajur kulit lawan daging | balunge wus padha pisah | pating salêbar balunge | mujar Ki Menak Pêrsănta | payo sira uripa | balungmu dikêrah ngasu | tangèh yèn bisa uripa ||
2. ya ta sampun angêmasi | Sang Kêlona Sowandona | wus sirna têkan ragane | gègèr bala tanah sabrang | gustine wus palastra | mêngkana ingkang winuwus | Sang Kêlona Tunjungseta ||
3. kêlangkung duka tan sipi | dene kang raka palastra | arsa belani [be...]
--- [f. 157r] ---
[...lani] patine | marang Sang Prabu Kêlona | angamuk nèng payudan | ya ta malih kang winuwus | kocapa Bêrmonakăndha ||
4. ingkang anèng ing wiyati | sira Sang Bêrmonakăndha | anjangkung marang putrane | pun Kêlona Tunjungseta | putra Bêrmonakăndha | anênggih sêtjatinipun | kang aran Bambang Mardeya ||
5. binêkta muluk wiyati | angucap Bêrmonakăndha | dhuh blêgodhok putraningong | apan dudu mungsuhira | Panji luwih dikjaya | lah payo padha lumayu | balik padha gêntur tapa ||
6. mêngkana datan winarni | sira Sang Brêmonakăndha | wus mentar lawan putrane | mantuk marang ing pertapan | ing Gunung Sokarêtja[1] | datan kawarna ing ênu | wong sabrang sami puyêngan ||
7. gustine wus padha mati | wantune kang wadyabala | wus sami kêkês manahe | pan sami
--- [f. 157v] ---
nusul sêdaya | sagunge bala sabrang | sakarine ingkang lampus | wong sabrang têluk sêdaya ||
8. ya ta sampun dèn jarahi | sira Sang Prabu Kêlona | rajabrona lan garwane | tumbak bêtdhil lawan pêtdhang | sêdaya binoyongan | pêsanggrahan kari suwung | apan sami binoyongan ||
9. mêngkana datan winarni | Ki Dipati Ponaraga | kondur lawan sabalane | ingiring para kadeyan | miwah bala Ngurawan | angiring marang sang bagus | Radèn Panji Ponaraga ||
10. mêngkana sira sang pêkik | lajêng marak ing sang nata | kocapa sira sang katong | sang aprabu ing Ngurawan | ingiring wadyabala | kyana patih munggèng ngayun | tan têbih lawan sang nata ||
11. eca dènnya gunêm kawis | Sri Naranata Ngurawan | kêsaru wau praptane | Radèn [Radè...]
--- [f. 158r] ---
[...n] Panji Ponaraga | lawan para punggawa | kang sami mêntas prang pupuh | kathah angsale bandhangan ||
12. ya ta sira Radèn Panji | sigra nulya atur sêmbah | sang nata pangandikane | adhuh kaki putraningwang | paran ta budinira | kayaparan wartanipun | amung sira putraningwang ||
13. ya ta sira Radèn Panji | umatur sarya wotsêkar | atur kawula sang rajèng | nênggih Sang Prabu Kêlona | ing mangke sampun pêtjah | ulun kang mêrjayèng pupuh | margine têkèng palastra ||
14. sang prabu suka miyarsi | anadene kang jarahan | sangking ing tanah sabrange | măngsa bodho pêkênira | sakèhe kang jarahan | măngsaboronga sirèku | pan sira ingkang kuwasa ||
15. nora liwat ingsun kaki | sêlamêta kang nêgara | sêpira tarimaningong | sira tulung ing ayuda | Ki Panji Ponaraga |
--- [f. 158v] ---
abangêt tarimaningsun | pitulungira maringwang ||
16. nuwun ature Dyan Panji | pasihan dalêm kang dhawah | dhumatêng saliraningong | ya ta Sang Prabu Ngurawan | jêngkar malêbèng pura | Dyan Panji anulya kondur | lawan kang para kadeyan ||
17. praptèng pêsanggrahan singgih | sira Panji Ponaraga | nulya andum jarahane | sêdaya pinara tiga | dene ingkang saduman | apan sinungakên wau | mring sagung bala Ngurawan ||
18. dene kang saduman singgih | sinungakên para kadang | dene kang saduman mangke | Ki Tumênggung Ponaraga | ingkang andarbènana | bungah ingkang bala agung | ingkang sami andum brana ||
19. samya bungah ingkang galih | sagunge kadang kadeyan | mêngkana sira rahadèn | sira Panji Ponaraga | pan sampun kêbabaran [kêbabar...]
--- [f. 159r] ---
[...an] | wong Ngurawan kathah wêruh | lamun putra ing Jênggala ||
20. dadya sira Radèn Panji | kuwayang dhatêng sang nata | kêlamun wau putrane | tuhu putra ing Jênggala | Dyan Panji Ponaraga | inggih Radèn Marabangun | Radèn Panji Kasatriyan ||
21. sarta lawan garwanèki | putri adi ing Mamênang | Căndrakirona arane | babar anèng ing Ngurawan | Rêtna Căndrakirona | putra Kêtdhiri[2] Sang Prabu | kusuma Căndrakirona ||
22. sang nata cuwa kang galih | sri nalendra ing Ngurawan | apan ana pêngarahe | maring Panji Ponaraga | pan arsa tinariman | nênggih dhatêng putranipun | Sang Rêtna Kumudaningrat ||
23. pêngangkahira sang aji | marang Panji Ponaraga | dipun ambil mantu dhewe | mila Sang Prabu Ngurawan | kêlangkung trisnanira | wau dhatêng sang abagus | ing mangke kang manah cuwa ||
24. gènira
--- [f. 159v] ---
angambil siwi | kêpalang anaking kadang | mila kacungah galihe | sri nalendra ing Ngurawan | susah ing driyanira | sakêlangkung èwêdipun | suka kaworan sungkawa ||
25. sang nata ngandika aris | marang wau babu inya | payo timbalana age | putraningsun kaki putra | kêlawan ingkang garwa | anak ingsun nini Galuh | manira pan arsa wikan ||
26. babu inya awotsari | mundur sangking ing ngajêngan | datan kawarna lampahe | ya ta ingkang kawarnaa | Ki Panji Ponaraga | lagya pinarak sang bagus | wau lawan ingkang garwa ||
27. Rêtna Dèwi Sêkartaji | putri adi ing Mamênang | wau munggèng ing ngarsane | sagunge putri sêdaya | apan sami aseba | marang kusumaning ayu | kusuma di ing Mamênang ||
28. Rêtna Dèwi Ragilkuning | langkung bungah manahira | dene ta
--- [f. 160r] ---
wau kadange | kusuma Căndrakirona | panggih lawan kang raka | Panji lawan nini Galuh | putra adi ing Jênggala ||
29. sêkathahe para putri | anênggih putri boyongan | garwanira sang akatong | putri sangking tanah sabrang | garwane Sang Kêlona | warnane pan sami ayu | sêkathahe garwa nata ||
30. binoyong Rahadèn Panji | awêsta Ni Wilasmaya | iku garwa patdêmine[3] | langkung ayu ing warnanya | dene ingkang sanunggal | Lêsmonawati ranipun | Ismayawati sanunggal ||
31. Puspitawati satunggil | sêkawan ayu utoma | binoyong dhatêng rahadèn | kinarya sêlir sêdaya | para putri ing sabrang | kaparentah ing sang ayu | kusuma Căndrakirona ||
32. mêngkana kusuma adi | apan lagya dum jarahan | rajabrana sêkathahe | apan ta pinara
--- [f. 160v] ---
tiga | dene ingkang saduman | nênggih kusumaning ayu | kusuma Căndrakirona ||
33. mêngkana kusuma adi | sêlir binagi sêdaya | dene saduman ta mangke | binagi kang para inya | apan sampun wêrata | dene wau ingkang dundum | anênggih Dèwi Unêngan ||
34. kocapa ni inya prapti | utusanira sang nata | sigra nulya awotsinom | sira Panji Ponaraga | alon dènnya ngandika | lah bibi dèn para ngayun | pan sira bibi dinuta ||
35. marang kanjêng sri bopati | umatur ni babu inya | lampah kawula kinongkon | dhatêng kanjêng sri nalendra | panduka tinimbalan | inggih dhatêng sang aprabu | kalihan rayi panduka ||
36. kusuma yu Sêkartaji | karsane rama panduka | dèn inggal inggih rahadèn [rahadè...]
--- [f. 161r] ---
[...n] | ya ta sang raja pinutra | gupuh anulya dandan | sarta lawan garwanipun | Kusuma Căndrakirona ||
37. sêmana nulya lumaris | rajaputra ing Jênggala | sarimbit lawan garwane | para putri bêboyongan | angiring sang kusuma | ya ta sira sang abagus | lir Bêtthara Komajaya ||
38. kêlawan Supraba Dèwi | têdhak sangking syargaloka | widadari ngiring kabèh | ya ta sang raja pinutra | tansah dadi tontonan | mêngkana sira sang bagus | mijil sangking dalêm pura ||
38. Mijil
1. ya ta sira wau Radèn Panji | wus manjing kêtdhaton | ingkang garwa munggèng ing ngarsane | ingkang aran Dèwi Sêkartaji | para putri ngiring | ing paseban rawuh ||
2. kawarnaa wau sri bopati | ingkang winiraos |
--- [f. 161v] ---
apan mêksih nèng paseban gêtdhe | pan ingayap sagung para cèthi | adangu anganti | marang sang abagus ||
3. tan adangu sira Radèn Panji | prapta awotsinom | lan kang garwa Sêkartaji mangke | apan sarêng dènnya awotsari | sang nata ningali | marang sang abagus ||
4. alah nyawa dèn kêparèng ngarsi | babo putraningong | alah karo putraningsun anggèr | alinggiha anèng ngarsa mami | adhuh anak mami | babo putraningsun ||
5. atur sêmbah sira Radèn Panji | lan garwa sang sinom | wus atata sêmana linggihe | kusuma yu Dèwi Sêkartaji | nèng ngarsa sang aji | andhèr para arum ||
6. duk sêmana sira Sri Bopati | Ngurawan Sang Katong | aningali mring radèn citrane | marang sira wau Radèn Panji | miwah garwanèki | nyata
--- [f. 162r] ---
Radèn Galuh ||
7. nyata lamun putri ing Kêtdhiri | kang musnèng Kêtdhaton | mangke prapta tan wêruh sangkane | anèng nêgri Ngurawan apanggih | lawan Sang Apanji | tan ana kang wêruh ||
8. mangke sampun sami angrawuhi | marang sang lir sinom | atanapi Radèn Panji mangke | pan sêdaya wus sami udani | marang Radèn Panji | kang anamur laku ||
9. angandika wau sri bopati | wêtcanane alon | adhuh nyawa putraningsun radèn | sokur bagi radèn anak mami | sira wus pinanggih | kêlawan rabimu ||
10. balik radèn karsaningsun iki | babo anak ingong | ing Ngurawan sira ingkang duwe | dene ingsun datan darbe siwi | putra jalu kaki | mung sira nak ingsun ||
11. sayogyane sira kang gêntèni | maring paman katong | awak ingsun [ing...]
--- [f. 162v] ---
[...sun] wus pitaya radèn | ya ta matur sira Radèn Panji | aturira aris | pangèstu pukulun ||
12. pan asangêt lênggona wak mami | ing karsa sang katong | pan kasuwun inggih sadèrènge | sih panduka kanjêng paman aji | pan inggih kapundhi | sih dalêm kasuwun ||
13. pan kawula arsa nuwun pamit | dhatêng paman katong | sakêlangkung sungkawa [sungka...]
[Ilustrasi:] Prabu Ngurawan. Panji.
[Redaksi: Raden Panji berpamitan pada Prabu Ngurawan.]
--- [f. 163r] ---
[...wa] galihe | dene sangêt trisnane ing mami | mila yèn marêngi | kula nuwun mantuk ||
14. angandika alon Sri Bopati | Ngurawan Sang Katong | pan kêlangkung sungkawa galihe | yèn mêngkono lakunira kaki | nyawa anak mami | pan sèwu jumurung ||
15. balik ana wêkas ingsun kaki | mring sira nak ingong | ing Jênggala Ngurawan padene | aran padha sira kang duwèni | aja sira dohi | padhanên ragamu ||
16. Radèn Panji matur awotsari | raose tyas ingong | kados botên sulaya karsane | dhuh pukulun kanjêng rama aji | ya ta sri bopati | eca manahipun ||
17. sri nalendra ing Ngurawan singgih | sira sang akatong | apan lajêng kasukan sang rajèng | wau lawan sira Radèn Panji |
--- [f. 163v] ---
miwah para ari | kadeyan sang bagus ||
18. tigang dina miwah tigang latri | kasukan sang katong | andhatêngkên sukane manahe | para garwanira Radèn Panji | andhèr para putri | padha nêmbang gambuh ||
39. Gambuh[4]
1. mêngkana kang para arum | garwanira sang abagus | sêkathahe wau ingkang para sêlir | ajajar gènira lungguh | munggèng ngarsane sang katong ||
2. sami suka manahipun | sêdaya kang sami dulu | sêkathahe punggawa kêlawan mantri | kang sami bêksa nèng ngayun | pan warnane bagus anom ||
3. para kadeyan sêdarum | kinèn abêksa puniku | marang sira wau ta sri narapati | amrih sukane sang prabu | Radèn Carangwaspa miyos [miyo...]
--- [f. 164r] ---
[...s] ||
4. bêksa ngarsane sang prabu | sira wau radèn bagus | apan wasis wau bêksane sang pêkik | sêkathahe para arum | ingkang sami mulat gawok ||
5. ya ta kusumaning ayu | Ni Kumudaningrat wau | apan dangu wau dènira angintip | tumingal satriya bagus | kasmaran tyase sang sinom ||
6. dhasar kusumaning ayu | ajait paningalipun | aningali satriya bagus linuwih | kang dadya ing manahipun | Radèn Carangwaspa kang wong ||
7. jajar dènira alungguh | lan putra Kêtdhiri iku | Radèn Panji jumênêng bêksa sang pêkik | munggèng ngarsane sang prabu | gawok ingkang sami nonton ||
8. sêkathahe para arum | mulat sira sang abagus | apan sami kasmaran sajroning galih | sêkathahe [sêkathah...]
--- [f. 164v] ---
[...e] kang andulu | manahnya sami wirangrong ||
9. datan kawarna ing ênu | sagunge punggawa agung | pan sêdaya sami awuru kêpati | para kadeyan sêdarum | ya ta sami wuru katong ||
10. wus jêngkar sira Sang Prabu | Ngurawan manjing kêtdhatun | ya ta sira wau ta Rahadèn Panji | lan kadang kadeyanipun | miwah pagung[5] para wadon ||
11. garwanira ki tumênggung | anggarêbêk para arum | lawan sira wau ta sang raja pêkik | putri Kêtdhiri sang ayu | warnane anom kinaot ||
40. Sinom
1. sampun prapta pêsanggrahan | wau sira Radèn Panji | manjing anèng dalêm pura | sagunge kang para putri | ya ta Rahadèn Panji | tansah asiwakèng lulut | lawan kang para garwa | sêkathahe para putri |
--- [f. 165r] ---
datan pêgat gènira olih asmara ||
2. mêngkana raja pinutra | karsanira sang apêkik | kundur marang ing Jênggala | kangên marang rama kalih | miwah Prabu Kêtdhiri | kang manah sami gung wuyung | dene lami tinilar | dadya rodahing kang galih | angandika Radèn Panji Ponaraga ||
3. mring sagung kadang kadeyan | sêdaya apan tinuding | apan kinèn pêrdandana | titihane para putri | Pêrmadi awotsari | angundhangi bala agung | wadya ing tumênggungan | kawula ing Ponaragi | pan sêdaya sami adandan pikulan ||
4. sêdaya kadang kadeyan | apan ta sami miranti | kang sami dandan pikulan | apan ta sampun miranti | tandhu kêlawan joli | miranti sabalanipun | ya ta raja pinutra | sêmana pan sampun [sa...]
--- [f. 165v] ---
[...mpun] pamit | marang sira sang aprabu ing Ngurawan ||
5. apan ingkang para garwa | putri adi ing Kêtdhiri | sarimbit raja pinutra | anulya marêk sang aji | sumungkêm pada kalih | marang sira sang aprabu | Sang Panji aturira | kawula anuwun pamit | ayun mantuk dhatêng nêgari Jênggala ||
6. sang aprabu ing Ngurawan | wuwuse arum amanis | adhuh anggèr putraningwang | amung sira anak mami | manira anjurungi | ing karsanira wong bagus | iya sira mangkata | kaki radèn anak mami | alah nyawa marang nêgari Jênggala ||
7. kakang prabu ing Jênggala | kêlangkung suka kang galih | kayungyun marang ing sira | ya ta wau Radèn Panji | anuwun aturnèki | mangkana Rahadèn Galuh [Ga...]
--- [f. 166r] ---
[...luh] | Rêtna Căndrakirona | wus pamit marang sang aji | atanapi pramèswarine sang nata ||
8. Ni Dèwi Căndrakirona | rinangkul ing pramèswari | apan sarwi angandika | adhuh putraningsun nini | soku[6] bage mas gusti | apan sira wus têtêmu | kêlawan lakinira | panêdhaningsun mas gusti | muga sira atuta apalakrama ||
9. sagunge kang para garwa | sêkathahe para putri | wus sami pamit sêdaya | mring pramèswari sang aji | ya ta Rahadèn Panji | mundur sarya awotsantun | sagunge para garwa | apan sarwi awotsari | para garwa wus sami ngiring sêdaya ||
10. datan kawarna sêmana | Dyan Panji pan sampun prapti | anèng desa Ponaraga | para kadeyan anganti | sêdaya wus miranti | titihane para [pa...]
--- [f. 166v] ---
[...ra] arum | tandhu joli jêmpana | pikulan sami anganti | Ki Pêrsănta wau ingkang andum karya ||
11. kang para putri sêdaya | Rêtna Dèwi Sêkartaji | sigra anulya siyaga | lan sagunge para putri | nulya wau sang dèwi | anulya anitih tandhu | Rêtna Căndrakirona | pinayungan kêrtas wilis | atanapi sagunge para biyada ||
12. ana kang nitih jêmpona | sawênèh anitih joli | carumpung lawan wilisan | sagunge kang para putri | gègèr kang bala mantri | budhal sagung para arum | pikulan munggèng ngarsa | ing wuri kang para putri | raja putra ingiring para biyada ||
13. budhal sangking Ponaraga | lampahe Rahadèn Panji | samarga dadi tontonan | kusuma Ni Sêkartaji | ingiring para [pa...]
--- [f. 167r] ---
[...ra] mantri | para wadya para arum | wadyabala Ngurawan | punggawa kêlawan mantri | pan angiring lampahe raja pinutra ||
14. Jurudoh lawan Pêrsănta | wong roro anunggang sapi | apan sami baboncengan | kang siji madhêp ing wuri | siji madhêp ing ngarsi | wong roro pating pêranthuk | tansah dadi tontonan | Ki Pêrsănta malangkêrik | Ki Jurudoh mêcucu bari ngêlayang ||
15. kang mulat sami asuka | kang wadya gumêr samargi | samarga asurak-surak | mêngkana datan winarni | ya ta Rahadèn Panji | sampun lêpas lampahipun | ya ta ingkang kocapa | Sri Naranata Kêtdhiri | sri nalendra apan lagya siniwaka ||
16. wau munggèng pênangkilan | andhèr ingkang
--- [f. 167v] ---
para cèthi | kyana patih ing ngajêngan | sang nata èsmu prihatin | dene kang putra singgih | musna sangking ing kêtdhatun | Rêtna Căndrakirona | Sêkartaji ing Kêtdhiri | ilangira pan kadi binêkta dewa ||
17. malah mangke lakinira | Radèn Anu[7] Kartapati | anusul ing garwanira | lami dènnya angulati | sira Rahadèn Panji | kongsi mangko durung rawuh | sri nata ing Jênggala | kêlangkung dènnya prihatin | wadyabala apan sinêbar sêdaya ||
18. ngulati raja pinutra | kêlawan sang rajaputri | sagunge para punggawa | atanapi para mantri | dèn sêbar angulati | marang sira sang aprabu | anging nora kapêtdhak | ya ta Sang Prabu Kêtdhiri | angandika mring Ki Patih Jayabadra ||
19. kakang sun miyarsa warta | anak ingsun kaki
--- [f. 168r] ---
Panji | wartane anèng Ngurawan | ngawula mring yayi aji | ing Ngurawan puniki | wartane dhayuhan mungsuh | ratu ing tanah sabrang | agung wadyabalanèki | kaki Panji ingkang têtulung ing yuda ||
20. iku wartane wong kathah | malah ing mêngko wus panggih | kêlawan Căndrakirona | anak ingsun kaki Panji | lah payo kakang patih | apan sira ingsun utus | kakang para priksaa | putraningsun kaki Panji | karuhêna ujare ingkang pawarta ||
21. lêga-lêgane kang manah | lan maninge kakang patih | lan sira gawaa bala | angiras bantu ing jurit | marang ing yayi aji | ing Ngurawan ana mungsuh | Ki Patih Jayabadra | sêdaya ature singgih | duk sêmana eca timbalan wêtcona ||
22. kêsaru gègèr ing jaba |
--- [f. 168v] ---
Rahadèn Panji kang prapti | ing alun-alun wurahan | gègère kang wadya alit | pikulan warni-warni | kandhêk anèng alun-alun | ya ta raja pinutra | tumurun sangking turanggi | para garwa tumurun sangking jêmpana ||
23. Kyana Patih Jayabadra | kêlangkung kagèt ing galih | dipun nyana mêngsah prapta | angancik anèng Kêtdhiri | gita rêkyana patih | atur sêmbah nulya mêtu | Ki Patih Jayabadra | sêmana kagèt ningali | marang sira kusuma Căndrakirona ||
24. prapta marang lakinira | Radèn Inu Kartapati | nyata putra ing Jênggala | prapta lawan Sêkartaji | agung kang para putri | warnane sami yu-ayu | lajêng manjing ing pura | Rêtna Dèwi Sêkartaji | pan sarimbit lawan wau ingkang raka ||
25. Kyana Patih [Pa...]
--- [f. 169r] ---
[...tih] Jayabadra | cêngkelak anuli bali | atur wikan ing sang nata | ingkang gumuruh ing jawi | èstu putra nêrpati | kusuma sêkar kêtdhatun | kalihan lakinira | putra dalêm Radèn Panji | langkung kathah angsalipun baboyongan ||
26. sri nalendra ing Mamênang | sumêdhot raosing galih | sarêng wau amiyarsa | ature rêkyana patih | Sri Nalendra Kêtdhiri | sigra anulya tumurun | sang nata karsanira | arsa mêthuk ingkang siwi | pan sarimbit wau lawan ingkang garwa ||
27. miwah sagung para inya | pawongan sami angiring | sagunge kang para inya | ing jro pura malah sêpi | sakèhe para cèthi | sami kangên gustinipun | Rêtna Căndrakirona |
--- [f. 169v] ---
musna sangking jroning puri | pan wus lami mêngko apan lagya prapta ||
28. prapta ing regol sapisan | Sri Naranata Kêtdhiri | kusuma Căndrakirona | putri adi ing Kêtdhiri | sêmana aningali | maring kang rama amêthuk | ya ta kusuma rara | anulya dèn pêlayoni | rajaputra anungkêmi padanira ||
29. sang nata pan nora samar | mulat ing sang putra dèwi | kusuma Căndrakirona | Sêkartaji ing Kêtdhiri | ya ta kusuma dèwi | kinosya-kosya sang ayu | Dèwi Căndrakirona | Sri Naranata Kêtdhiri | langkung trisna kêlawan ing putranira ||
30. pramèswarine sang nata | kang putra dipun tangisi | Sang Rêtna Căndrakirona | sarêng wau dènnya nangis | sumungkêm pada kalih | mring kang ibu pramèsantun | ya ta sri naranata | wus [wu...]
--- [f. 170r] ---
[...s] pinarak ing satinggil | sri bopati alênggah ing singasona ||
31. sagunge kang para inya | angayap dhatêng sang dèwi | miwah Radèn Kasatriyan | anungkêmi pada kalih | dhatêng Prabu Kêtdhiri | sang nata alon amuwus | lah kaki alinggiha | sira radèn anak mami | alah mara dèn kêpara ngarsaningwang ||
32. ya ta sang raja pinutra | sêmana anulya linggih | munggèng ngarsane sang nata | muka lir konjêm ing siti | para kadeyan sami | marak ing ngarsa sang prabu | gumanti awotsêkar | ya ta Radèn Wukirsari | pan anangis nungkêmi padaning rama ||
33. sri naranata ngandika | wuwuse arum amanis | kaki radèn putraningwang | lah sira bageya kaki | têkamu ngarsa mami | ya ta Radèn [Radè...]
--- [f. 170v] ---
[...n] Wukirsantun | sêmana nulya lênggah | jajar dènira alinggih | lawan sira Rahadèn Selakêndhaga ||
34. andhèr ingkang para putra | ing paseban amênuhi | pan kadi sêkar sêtaman | paseban nêgri Kêtdhiri | warnane langkung asri | akathah satriya bagus | sagunge wadyabala | prasamya bungah kang ati | sri nalendra kang manah brăngta kasmaran ||
41. Asmaradana
1. ya ta Sang Prabu Kêtdhiri | bungahe marwata suta | praptane putrane karo | ya ta Sang Prabu Mamênang | lajêng sira kasukan | lawan para putranipun | atandhak alaran-laran ||
2. sangking sukane ing galih | praptane raja pinutra | pinêthuk sira rahadèn | lawan kang rama ing Daha | dalu anutuk siyang | sang nata
--- [f. 171r] ---
gènira nayub | kêlawan raja pinutra ||
3. nêngêna sri narapati | kang tansah asukan-sukan | ya ta gênti winiraos | kocapa Prabu Jênggala | ingkang manggung sungkawa | sêkathahe putraningsun | samya andhèr munggèng ngarsa ||
4. kang putra kesah ngulati | ing garwa Căndrakirona | apan wus lami kesahe | tan ana pawartanira | wikan pêtjah lan gêsang | pramilane sang aprabu | asangêt prihatinira ||
5. tanpa dhahar lawan guling | sangking trisnane ing putra | malah singkêl ing galihe | sakesahe ingkang putra | rêngka nêgri Jênggala | mêngkana sira sang prabu | pinarak ing prabayêksa ||
6. ingayab kang para cèthi | Ki Patih Kudanawarsa | munggèng ngarsane sang katong | sang nata alon ngandika | kakang Kudanawarsa | payo tutura [tutur...]
--- [f. 171v] ---
[...a] dèn gupuh | aturira wingi ika ||
7. ya ta sira atur bêkti | Ki Patih Kudanawarsa | atur kawula sang rojèng | kawula miyarsa warta | sangking jalma padesan | kang warta sampun misuwur | pukulun putra panduka ||
8. putra tuwan Radèn Panji | apan ta pinentang[8] sraya | margi kêpanggih putrane | lah inggih ingabên aprang | lawan Prabu Kêlona | kusuma rêtnaning ayu | kêpanggih têngah payudan ||
9. ing mangke putra nêrpati | kêpanggih nêgari Daha | punika ing pawartose | ya ta Sang Prabu Jênggala | arum wijiling sabda | marang wau putranipun | Rahadèn Nilapêrbăngsa ||
10. kaki radèn anak mami | lah ta sira lumakua | anèng Kêtdhiri ta mangko | lah ta sira karuhêna | ya kaki arinira | ujare [u...]
--- [f. 172r] ---
[...jare] warta puniku | anèng nêgara ing Daha ||
11. arinira kaki Panji | nyawa sira karuhêna | radèn sêndika ature | ya ta Radèn Brajanata | anuli atur sêmbah | sigra mundur sangking ngayun | sangking ngarsane kang rama ||
12. sapraptanira ing jawi | sira Radèn Brajanata | angundhangi ing wadyane | sarta lawan arinira | sêparo kang binêkta | para kadang-kadangipun | wus sami anitih kuda ||
13. sêkathahe para panji | para putra ing Jênggala | gêgancangan ing lampahe | samarga asêsandêran | sêmana lampahira | tan adangu sampun rawuh | têlatah nêgari Daha ||
14. gègèr wadya ing Kêtdhiri | aningali para putra | Jênggala wau praptane | dene sami lêlancaran | sami [sa...]
--- [f. 172v] ---
[...mi] anitih kuda | dipun nyana mungsuh rawuh | gègèr wadyabala Daha ||
15. wus katur sri narapati | praptane putra Jênggala | marêk dhumatêng sang katong | sira Radèn Brajanata | lajêng manjing paseban | kocapa sira sang prabu | sang nata lajêng sineba ||
16. pinarak ing păncaniti | sri naranata ing Daha | kang tansah munggèng ngarsane | sira Radèn Kasatriyan | tansah munggèng ngayunan | ya ta ngandika sang prabu | sri naranata ing Daha ||
17. adhuh radèn anak mami | pituhunên ujar ingwang | kaki radèn anak ingong | sira jumênênga nata | anèng nêgari Daha | amung sira yogyaningsun | bêcik sira gêntènana ||
18. matur sarya awotsari | rajaputra ing Jênggala | anuwun duka wiyose | pukulun sri naranata | inggih putra
--- [f. 173r] ---
panduka | lumuh jumênênga ratu | pintên banggi inggih benjang ||
19. ing mangke ulun dewaji | sayêkti anuwun duka | pan dèrèng prapta sêdyane | pukulun awak kawula | kangên ing kanjêng rama | sangêt dènnya ngayun-ayun | jêng rama dhatêng kawula ||
20. eca pagunêman kawis | sri naranata ing Daha | kêsaru wau dhatênge | sira Radèn Brajanata | datan mawi larapan | prapta ngarsane sang prabu | kagèt sang prabu ing Daha ||
21. mêndhak sarya awotsari | sira Radèn Brajanata | sumungkêm pada kalihe | mring kang paman sri nalendra | sang aprabu ing Daha | aris dènira amuwus | lah kaki sira linggiha ||
22. nyawa anèng ngarsa mami | kêlangkung kangên pun paman | rahadèn lênggah ngarsane | kang para ari sêdaya | pêpak sami aseba | munggèng ngarsane
--- [f. 173v] ---
sang prabu | gênti-gênti ngaras pada ||
23. ya ta Radèn Wonagiri | tumingal raja pinutra | tan samar lamun arine | sira Radèn Kasatriyan | kang munggèng ing ngayunan | sigra anulya rinangkul | pan sarwi kinusya-kusya ||
24. adhuh ariningsun gusti | pun kakang pan nora nyana | lamun sira anèng kene | pun kakang anjajah desa | angulati mring sira | alawas nora katêmu | mêngko anèng nêgri Daha ||
25. ya ta sagung para panji | para putra ing Jênggala | pan sami ngujungi kabèh | marang Radèn Kasatriyan | gênti angaras pada | sêdaya sami amuwus | ingkang raka tinangisan ||
26. ya ta wus sami alinggih | para putra ing Jênggala | atata sami linggihe | andhèr ingkang para putra | pêseban ambêlabar | ya ta sira Sang Aprabu |
--- [f. 174r] ---
Kêtdhiri alon ngandika ||
27. marang Radèn Wonagiri | kaki radèn putraningwang | pan sira iku kinongkon | mring kaki Prabu Jênggala | sira kinongkon apa | nyawa matura maringsun | matur Radèn Brajanata ||
28. atur kawula dewaji | lampah kawula dinuta | dhatêng kanjêng rama katong | rama prabu ing Jênggala | ingutus ngulatana | dhatêng putra ta sang bas[9] [ba...]
[Ilustrasi:] Prabu Kêtdhiri. Panji. Brajanata.
[Redaksi: Panji dan Brajanata menghadap Prabu Kediri.]
--- [f. 174v] ---
[...s] |[10] yayi Panji Rawisrêngga ||
29. dènira tilar nêgari | rama prabu ing Jênggala | kêlangkung dening kangêne | ing mangke putra panduka | mantuk marang ing Daha | mila kawula ingutus | dhatêng rama amariksa ||
30. sarta lawan nini putri | punika atur kawula | wêlinge rama sang katong | mèsêm sang prabu ing Daha | arum wijiling sabda | marang sira sang abagus | Radèn Inu Kasatriyan ||
31. adhuh radèn anak mami | paran baya karsanira | ingandikan ing ramane | lah radèn sira muliha | maring nêgri Jênggala | iya kêlawan rabimu | sebaa mring ramanira ||
32. sigra nulya awotsari | sira Radèn Kasatriyan | apan sandika ature | arsa mantuk ing Jênggala | kêlawan garwanira | angandika sang aprabu | marang Patih Jayabadra ||
33. alah payo kakang patih | sira age pêrdandana [pêrda...]
--- [f. 175r] ---
[...ndana] | titihane para wadon | tandhu joli lan jêmpana | lah kakang anakira | kaki Panji sira kundur | marang nêgara Jênggala ||
34. kyana patih awotsari | mundur sangking ing ngajêngan | ngundhangi wadyabalane | kinèn anata wahana | tandhu joli jêmpana | ing alun-alun gumuruh | wadya mantri awurahan ||
35. ki patih sampun ngundhangi | mring sagunge wadyabala | sami saos nèng ngarsane | sêkathahe kang wahana | miwah dandan pikulan | gêgaman rakit sêdarum | para mantri lan punggawa ||
36. satriya prawira mantri | ri sampunira atata | soring wringin kurung andhèr | sampun samêta sêdaya | wadyabala ing Daha | wus katur marang sang prabu | sri nalêndra ing Mamênang ||
37. Radèn Panji sampun pamit | ing ibu kêlawan rama | lajêng mêdal sing kêtdhaton | prapta ngalun-alun ika | andhèr
--- [f. 175v] ---
kang wadyabala | angêntosi sang abagus | sagung para mantrinira ||
38. wadyabala sami nganti | ing alun-alun wurahan | ingkang cawis wahanane | gotongan lawan pikulan | apan sampun sêtdhiya | budhal wadya agumuruh | pan kadi yuda kênaka ||
42. Pangkur
1. ya ta Radèn Brajanata | atur bêkti pamit dhatêng sang aji | sarta lawan kadangipun | sami pamit sêdaya | wus budhalan sangking ngarsane sang prabu | ambrubul sangking jro pura | sêkathahe para aji ||
2. rajaputra ing Jênggala | anèng wuri sarwi anitih wajik | cahyane umancur iku | kadi Yyang Komajaya | tuhu bagus rêspati lamun dinulu | asongsong karêtas jênar | tinon warnane rêspati ||
3. ya ta Radèn Brajanata | pan ingaring[11] lawan kang para mantri | panji ing Jênggala agung | ingkang kondur prasamya | marang sira wau Radèn Marabangun | sêntana [sênta...]
--- [f. 176r] ---
[...na] para punggawa | lampahe Rahadèn Panji ||
4. samarga dadi tontonan | sêkathahe wau kang para putri | ya ta wau kang winuwus | Sri Nalendra Jênggala | Sang Aprabu Dewakusuma linuhung | wau ingkang pinurcita[12] | kang tansah agung prihatin ||
5. sang nata lagya sineba | duk sêmana munggèng ing păncaniti | ingayap pawongan agung | Patih Kudanawarsa | ingkang tansah munggèng ngarsane sang prabu | Sri Naranata Jênggala | langkung yuyunên kang galih ||
6. wau marang putranira | kang dinuta amboyong Radèn Panji | amarani arinipun | anèng nêgari ing Daha |[13] pan inganti alami pan dèrèng rawuh | Sri Naranata Jênggala | kêlangkung anganti-anti ||
7. eca timbalan wêcona | pan kêsaru wau gègèr ing jawi | raja pinutra kang rawuh | gumrah nêgri Jênggala | ngalun-alun pikulan dhatêng karuwun | sang nata wau garjita | lamun ingkang putra prapti ||
8. gègèr wadya [wa...]
--- [f. 176v] ---
[...dya] awurahan | sapraptane wau Rahadèn Panji | syaraning bala gumuruh | sagunge para garwa | wus tumurun sangking ing wahananipun | lajêng manjing ing paseban | marak dhatêng rama aji ||
9. kusuma Căndrakirona | sarêng prapta anulya atur bêkti | ya ta sumungkêm ing suku | sang prabu ing Jênggala | angandika wêtcanane pait juruh | adhuh nini mantuningwang | lah sira lungguha nini ||
10. mangkana raja pinutra | Radèn Panji anulya atur bêkti | wau dhatêng sang aprabu | ngabêkti ngaras pada | sri nalêndra aris dènira amuwus | alah kaki anak ingwang | amung sira woding galih ||
11. wis radèn sira linggiha | iya radèn anèng ing ngarsa mami | Dyan Panji anulya lungguh | anèng ngarsane rama | sri nalendra kang manah marwata sunu | sang aprabu ing Jênggala | kêlangkung bungah kang galih ||
12. aningali mantunira | lawan putra dene sampunan [sampuna...]
--- [f. 177r] ---
[...n] apanggih |[14] lawan malih sang abagus | angsal putri akathah | Sêkartaji tuhu yèn ratuning ayu | bisa angsung jatukrama | marang lakine Sang Panji ||
13. ya ta Sang Prabu Jênggala | akasukan siyang anutuk latri | lawan wau putranipun | Rahadèn Kasatriyan | atanapi lawan para putranipun | sêdaya kinèn abêksa | munggèng ngarsane sang aji ||
14. ya ta sagung para putra | sampun bubar miwah kang para putri | sêdaya sami awuru | kocapa Ki Pêrsănta | lan Jurudoh prasami gulithis wau | sêkathahe para inya | pênthile dipun talèni ||
15. bungahe marwata suta | Ki Jurudoh lawan Pêrsănta singgih | dene manggih ambêng agung | iwake padha êmpal | sambêl gorèng dhèndhèng gorèng lan kêrupuk | kinêpung wong loro ika | apan kongsi mutah ngising ||
16. kundur Radèn Kasatriyan | wau dhatêng [dha...]
--- [f. 177v] ---
[...têng] dalêmira pribadi | sarimbit lan garwanipun | Rêtna Căndrakirona | para putri angiring dhatêng sang ayu | Radèn Kuda Rawisrêngga | para kadeyan angiring ||
17. wus mantuk ing kêradenan | Radèn Panji lawan garwane iki | alami ika cinatur | Rahadèn Kasatriyan | anèng pura tansah asiwakèng lulut | kêlawan Căndrakirona | siyang dalu kadi mimi ||
18. cinatur Menak Pêrsănta | wus apanggih dhatêng wau kang rabi | gupuh anulya rinangkul | sarwi ingaras-aras | adhuh yayi nora ngimpi awak ingsun | sun yayi tak ura-ura | têmbange asmara ngrawit ||
43. Asmaradana
1. Tumênggung Kalamisani | pinarak dhatêng Palembang | Ki Răngga Klona jajare | Ki Sêmpana kacarita | lakone Panji Sêkar | urap-urap parungsantun | akampuh sêkar malela ||
2. adhuwung pinasopati [pinasopa...]
--- [f. 178r] ---
[...ti] | arja rasukan sangkêlat | sabuk intên pêningsête | ajamang carang buntala | lancingan tinêrasah | wora-wari sêkaripun | têka sèdhêt tingalira ||
3. alinggih ki tilamupih | kasmaran lara saduwa | kang sumandhing jarumane | asêngkang urubing damar | agêlung pudhak satêgal |[15] pinapak Ki Condhong sampun | marani Kiyai Mayat ||
4. pan pinuju roning têki | tinampêl ing kêlap lintah | sinundêp ing carang ampèl | Si Kêbodhêngên lumajar | Si Dhungkul gaginjalan | sinupit ing Yuyurumpung | têbu sak uyun pinangan ||
5. asangu tumpêng cinangking | nyabrang sêgara niwotan | ya ta guna Kêbodhèndhèng | tuntunên ing sabuk tampar | sabêtên ing sapokal | gudhangên ing Kaligandhu | cancangên kêbo lajêran ||
6. bêrojol tiba cêluring | sinêmbêlèh răngga wêlat | sinambêran bango dholok | lalêr mêngêng
--- [f. 178v] ---
angumpêra | Buta Ijo mangana | Kalamunyêng ingkang ngêrbut | angadêk Talang Tinantang ||
7. Ki Puthut lumayu gêndring | sinaut ing Nagasasra | umpêtan Dhapur Pangiwon | pan ginitik Carangsoka | apan alantaran yuda |[16] Ki Cengkrong kinarya batur | tumandang Sang Bimakurda ||
8. lakune jalak andinding | ulate sarya buntaran | rikmane jalak angore | Ki Bondhan lawan Pêndhawa | jinangkung Ki Anoman | amêndhak Sêmar tinandhu | aluwih kang cinarita ||
9. Radèn Panji ngandika ris | lah padha sira gêntèna | kakang Jurudoh dèn age | lah sira arêrêpèna | karêpe bungah tiningwang |[17] mara sira dèn agupuh | Jurudoh matur sandika ||
10. ana èstri lara gudhik | datan kêna jinampenan | kadange sami têtinjo | lara mêtu kakintêlan | sangu rakok bêlandaran |[18] kuwaci lan raja timus | gawa ulêr len-ulenan [le...]
--- [f. 179r] ---
[...n-ulenan] ||
11. anyokot sang rajaputri | kalêmpêr sêdalan-dalan | nagasari têtêkêne | sang dyah têkêne kêlarak | polahe gagowokan | tur mêngkorok rikmanipun | lara inthil jêtjongkongan[19] ||
12. dèn amuk wong Bugis prapti | angagêm gêgaman lantak | sang rêtna lara gurunge | ngungsi dhusun Laragêtas | pêlayune pleretdan[20] | ngaub ngisor gêmpol sampun | răndha lonthong nyuguh kupat ||
13. ngalêpêt dipun conthongi | yèn gêmblong liwêt amingka | pangeran jipang anyêthot | pêlayune pak-opakan | ngungsi dêmang kêmplangan | kang binêkta bathok balu | gawe rabi pêngapêman ||
14. kali Kicak dèn sabrangi | nora lali sangunira | kapincok bok lara sagon | puthu cangkir kang binêkta | kêring dèn dulêk ika | mayang tingal desa lumbu | agathuk desa tawonan ||
15. alêksan [alêksa...]
--- [f. 179v] ---
[...n] ingkang nututi | bêtdhile abêrondongan | mindha kalêpon mimise | pêlayune babotoran | dhèndhèng kagèt ginêtak | tan kobêr mulat ing satru | angungsi dhusun Widaran ||
16. dhawête ni răndha kèli | bok lara mêntok kaplajar | abêta pao-paone | lara pasung cêlorotan | nututi cacabêndha | kapêlipis sukunipun | balunge katon mêniran ||
17. ki dêmang kicak ningali | rara bule kurambangan | manahe dèn têtêl bae | arsa tutur dadar-dadar | ngagêm rangin tamengan | ginablok ing alu-alu | sang raja dadi gotongan ||
18. bêrngos lèmèt nitih wajik | radèn dêmang madumăngsa | banjêl lawan lurah tape | samarga abêbadhekan | ngêbèi pêsabunan | kacêpêng ing rabinipun | nora bisa amicara ||
19. mulat dipati cariping | ngêbèi tumênggung ngamar | asangu [a...]
--- [f. 180r] ---
[...sangu] pisang ginorèng | limpang-limpung anèng marga | ulate rêngginangan | pêlayune ngucur-ucur | nyabrang kali Jalabiya ||
20. amanggihi walang sangit | sumahab unthuking toya | dipun sarangi madune | dhe-ondhenên pêpuyuran | angidêrakên badhak | udan mas murub lir latu | dhawah ing Karangwidara ||
21. para inya bêlik-bêlik | gumuyu lir bata rêbah | ing dalêm gumêr syarane |
[Ilustrasi:] Panji. Sêkartaji. Para êmban 2.
[Redaksi: Dewi Sekartaji dan dua orang emban menghadap Raden Panji.]
--- [f. 180v] ---
prabu anom langkung suka | anyabut kulukira | kuluke binanting sampun | ngadêk sarwi bapang-bapang ||
22. bari bêksa cara Bali | gajah leyak awak reyang | sêkarang mangku kêtdhaton | iya ini anak raja | dhapêt putri Mamênang | sang rêtna mèsêm ing kalbu | aningali ing sang nata ||
23. sêtdangune[21] sri bopati | wau dènnya ngura-ura | Panji wus anèng kêtdhaton | lungguh sumandhing ing garwa | kanan Căndrakirona | nora nana ingkang wêruh | mung sang dyah dhewe uninga ||
24. lawan Dèwi Ragilkuning | Panji angrangkês garwanya | sarwi dèn aras rabine | apan mèsêm-mèsêm sira | astane nyêngkah-nyêngkah | sang dyah kewuhan tumungkul | mênêng dèn aras sri nata ||
44. Pupuh Dhandhanggula
1. kawarnaa wau Radèn Panji | datan pêgat dènira pasihan [pasih...]
--- [f. 181r] ---
[...an] | wau kêlawan garwane | Sêkartaji winuwus | siyang dalu pan kadi mimi | ya ta sangêt pasihan | lawan garwanipun | Sang Rêtna Căndrakirona | duk sêmona ing nalikanira latri | ana usiking dewa ||
2. arsa wikan ing nêgari Kêling | kusuma yu Ni Căndrakirona | dhasar akèh tingalane | sang dyah alon umatur | marang laki Rahadèn Panji | kula pan arsa wikan | ing Kêling sang prabu | suwawi kanjêng pangeran | alêlona dhatêng nêgari ing Kêling | ing praja sabrang ika ||
3. sangêt kêpingin kawula kêpati |[22] lawan apa ambêke nalendra | arsa wikan pratikêle | Rahadèn Panji muwus | adhuh mirah ingsun wong kuning | ingsun duwe wong tuwa | ing Kêling Sang Prabu | pan iku kapêrnah paman |
--- [f. 181v] ---
sadulure jêng ibu kang sampun lalis | ing Kêling dadi nata ||
4. yèn mêngkono karsanira gusti | ingsun turut babo karsanira | lawan niyat ingsun dhewe | payo gusti wong ayu | padha seba ing rama aji | ya ta raja pinutra | wau karsanipun | seba dhatêng rama nata | pan sarimbit lawan garwa Sêkartaji | tansah kêkanthèn asta ||
5. pra kadeyan prasamya angiring | Ki Jurudoh kêlawan Pêrsănta | tan têbah lawan gustine | kocapa sang aprabu | Sri Nalendra Jênggalamanik | apan lagya pinarak | sira sang aprabu | alênggah nèng prabayêksa | pan sarimbit kang putra marak rama ji | Rahadèn Kasatriyan ||
6. Radèn Panji nulya atur bêkti | wau dhatêng rama sri nalendra | wau kêlawan garwane | pan sarêng [sa...]
--- [f. 182r] ---
[...rêng] awotsantun | sri nalendra ngandika aris | dhuh kaki putraningwang | miwah mantuningsun | nyawa karo alinggiha | Radèn Panji anuwun ature singgih | lan garwa atur sêmbah ||
7. angandika wau sri bopati | marang putra alon wuwusira | lir madu gêndhis wijile | dhuh kaki putraningsun | amung sira wotde[23] kang ati | dingarèn sira nyawa | seba maring ingsun | sarimbit lan garwanira | apa baya karsanira anak mami | payo sira matura ||
8. balik nyawa putraningsun kaki | yèn kênaa nyawa anak ingwang | sira jumênênga rajèng | anggêntèni maringsun | wus sêdhênge manira kaki | atilar kawibawan | tapa anèng gunung | anapakakên ing sira | lah ta radèn pun bapa arsa mêrtapi | sira madêga nata ||
9. ya
--- [f. 182v] ---
ta matur sira Radèn Panji | jêng pukulun kawula lênggona | ing karsa panduka rajèng | pintên banggi ing besuk | pan ing mangke rama wak mami | kula arsa lêlona | mring sabrang pukulun | pan kawula arsa wikan | ing warnane tanah nêgari ing Kêling | ingkang kawula sêdya ||
10. ya ta mèsêm sira sri bopati | ing Jênggala alon angandika | adhuh [a...]
[Ilustrasi:] Prabu Jênggala. Sêkartaji. Panji.
[Redaksi: Raden Panji dan Dewi Sekartaji berpamitan kepada ayahandanya (Prabu Jenggala).]
--- [f. 183r] ---
[...dhuh] putraningsun anggèr | pan iku pamanamu | ingkang ana nêgara Kêling | kariyin ibunira | kang duwe sadulur | sokur bage kaki sira | lamun arsa atinjo marang ing Kêling | pan iku pamanira ||
11. pan sayogya sira kang gêntèni | anjaluka idin pamanira | mênawa ana ilinge | utamane tumuwuh | nyawa akèh ingkang ngidini | nadyan dadi nalendra | lêksana tinêmu | lah iya radèn prayogya | apan ingsun nyawa têka angidini | marang ing lakunira ||
12. atur sêmbah sira Radèn Panji | nuwun pamit dhatêng rama nata | ingkang sinêdya lampahe | karsanira sang bagus | marang tanah nêgara Kêling | karsane ayun seba | marang paman prabu | anuwun idin ing paman | lamun Panji arsa jumênêng nêrpati [nêr...]
--- [f. 183v] ---
[...pati] | anggêntèni kang rama ||
13. ya ta mundur wau Radèn Panji | lèngsèr sangking ngarsane kang rama | sarimbit lawan garwane | kadehane tan kantun | pan sêdaya sami angiring | dhatêng raja pinutra | tan kawarnèng ênu | prapta anèng kêradenan | sapraptane ing dalêm Rahadèn Panji | kadehane ngandikan ||
14. Ki Pêrmadi lan Ki Punta singgih | atanapi sira Ki Pêrtala | Sang Panji alon wuwuse | kakang dèn parèng ngayun | mila kakang ingsun timbali | lah kakang sadhiyaa | palwa dipun gupuh | kêkalih sadhiyakêna | palwaningsun Si Kaladuta puniki | lawan Si Jaladara ||
15. anadene mangke karsa mami | kakang ingsun arsa anglêmbara | mring nêgri ing sabrang mangke | manira arsa wêruh | ing têlatah nêgara Kêling | wartane kanjêng paman |
--- [f. 184r] ---
kang jumênêng ratu | lah padha konên sadhiya | pan wong bêlah juru mudhi lawan malim | kakang sadhiyakêna ||
16. Ki Pêrmadi nulya awotsari | lan Ki Punta Kartala punika | katiga sandika ture | mundur sangking ing ngayun | Ki Pêrmadi nulya ngundhangi | marang wadya wong bêlah | ingundhangan sampun | sami kinèn asêtdhiya | palwa kalih sami kinèn andandani | apan kêkalih pisan ||
17. sak kancane wong pambêlah sami | lah ta kabèh padha sadhiyaa | juru mudhi lan malime | pangeran karsanipun | arsa tinjo marang ing Kêling | ya ta para niyaka | pambêlah wotsantun | pan sami adandan palwa | tali sawo layar jangkar nora kari | apan sampun sadhiya ||
18. Ki Pêrmadi matur marang gusti | lamun palwa pan sampun
--- [f. 184v] ---
sadhiya | sumăngga inggih karsane | Radèn Panji winuwus | angandika marang ing rabi | Rêtna Căndrakirona | mirah jiwaningsun | yayi sira adandana | lah ta payo anumpaka palwa gusti | sira pêrdandanana ||
19. awotsêkar Dèwi Sêkartaji | aparentah lawan inyanira | kinèn sadhiyaa mangke | kêkalih inyanipun | gêgawane Ni Sêkartaji | aran Abong Pangayat | kalihe wotsantun | angundhangi kancanira | kinèn padha asêdhiyaa puniki | sangu badhe alayar ||
20. sêkathahe sagung para nyai | pan sêdaya bungah manahira | nyadhiyani ing gustine | arsa marang ing laut | atêtinjo marang ing Kêling | sêdaya padha bungah | pêsthi ingsun wêruh | tatane wong tanah sabrang | padha
--- [f. 185r] ---
ngaji tata basane Sêpahi | lah ta payo dèn kêbat ||
21. abusêkan wong sajroning puri | sêkathahe ingkang para inya | pan akarya sangu kabèh | ana gorèng cêngkaruk | ana ingkang akarya wajik | ana anjênang kacang | ana kang amuyur | ana ingkang jênang năngka | kang satêngah ana anggawe gulali | angopak madu măngsa ||
22. kang sawênèh ana anggorèngi | ulam dadar ana ulam banyar | anyêrundèng nyambêl gorèng | sawênèh nyambêl bubuk | ana ingkang bumboni pêtis | ana ingkang amêtda[24] | ana ingkang nyêmur | wantune tatiyang kathah | kang sawênèh sangu gêrèh lan balênyik | sagunge para inya ||
23. pan sêdaya sami nyêdhiyani | sangunira badhe lunga layar | angiring marang gustine | mangkana kang winuwus |
--- [f. 185v] ---
Radèn Panji ika anari | marang ing arinira | wau kang tinantun | sira Ni Ragilonêngan | amung sira kang dadi wotde tyas mami | yayi sun tari sira ||
24. apa sira mèlu marang mami | apa sira kari anèng wisma | atunggu kêtdhaton bae | Ragilkuning umatur | yèn kawula pangran dipati | lumuh lamun kantuna | yêkti kula tumut | pangeran dhatêng panduka | pêtjah gêsang kawula tan sagêt kari | tumut sabaya pêjah ||
25. angandika sira Radèn Panji | lamun sira trisna marang ingwang | kudu mèlu sira anggèr | yayi dandana gupuh | lah ta sira ngong gawa yayi | ya ta Dèwi Onêngan | wus adandan gupuh | sampun samêkta sêdaya | Radèn Panji kêlawan Ni Sêkartaji | pan sampun pêrdandanan ||
26. nulya budhal sira
--- [f. 186r] ---
Radèn Panji | awurahan sagung para inya | angusungi ing sangune | wus minggah ing pêrau | ya ta sira Rahadèn Panji | miwah para kadeyan | katiga tan kantun | Jurudoh lawan Pêrsănta | kalih pisan angiring marang ing gusti | pan nora kêna têbah ||
27. palwa kalih kang binêkta singgih | Jaladara lan Si Kaladuta | satunggal awrat sangune | Jaladara puniku | nênggih ingkang dipun titihi | dene pun Kaladuta | winawratan sangu | sêkathahe para inya | Kaladuta nênggih ingkang anindhihi | kang dadi tindhihira ||
28. pra kadeyan katiga anênggih | Radèn Punta kêlawan Kêrtala | Ki Pêrmadi apadene | ingkang jaga ing kewuh | ya ta wau sampun miranti | miwah tiyang pambêlah | pêpak kancanipun | sangune wus winawratan | juru
--- [f. 186v] ---
batu juru mudhi juru malim | katiga wus sadhiya ||
29. juru mudhi ika nyêdhiyani | bêkakase ing wuri punika | tanapi juru batune | sampun prayitna kewuh | asêdhiya kartining tali | pakewuhing baita | pakewuhing laut | sagunge ing wong pambêlah | wus miranti bageane siji-siji | sakancane sêdaya ||
30. ya ta wau sira Radèn Panji | aparentah marang ing niyaka | kinèn nabuh gamêlane | ya ta nulya tinabuh | gamêlane munya ngêrangin | sagung para pambêlah | inggar manahipun | sarta ingumbenan arak | wus angunjuk pasihanira sang aji | wong bêlah sami surak ||
31. apan sarwi wau masang bêdhil | gênti alok sami masang urmat | sarta kêlawan surake | pêlabuhan gumuruh | pan akathah wong aningali |
--- [f. 187r] ---
sagung kănca pambêlah | ingkang saba laut | Pak Jungkir lawan Lamiyah | Pak Rabidin padha wani saba jladri | datan tolih ing wuntat ||
45. Pangkur
1. pan sampun tampi parentah | juru batu bêdhol layare singgih | wus ambabar layaripun | juru mudhi sêmona | wus prayitna amasang pêranti kukuh | malim ningali pandoman | pakewuh sajroning warih ||
2. wus layar wau kang palwa | kalih pisan padha masang kêmudhi | apan ngajar angin timur | lêstari lampahira | ingkang palwa kêkalih sami aruntung | baita ingkang katrajang | sami nyimpang angêdohi ||
3. sêmona ta lampahira | ingkang palwa anuju angsal angin | nanging kêras anginipun | palwa tansah kêplaya | laku beluk pan
--- [f. 187v] ---
angukih belukipun | dharatan wus magêr rusak | tanah Jênggala tan kèksi ||
4. sêmona wau kang palwa | anjêjêgi pulo Kêrimun nênggih | kang baita nulya labuh | giniling layarira | palwa kalih sêmona sami alabuh | lèrèn ngantèni siliran | wong bêlah adadèn gêni ||
5. padha angatêngi sêga | angaliwêt ana ingkang amancing | ana padha sangu kênur | mancing ulam bambangan | dènnya labuh anujoni êlakipun | lapake kathah bambangan | kang mancing kêsêl anarik ||
6. akathah angsale ulam | para inya padha bungah ningali | sira kusumaning ayu | Sêkartaji tumingal | ing rakite wong bêlah mancing nèng laut | akathah angsale ulam | sang rêtna bungah ningali ||
7. Radèn Panji duk [du...]
--- [f. 188r] ---
[...k] sêmona | langkung suka rahadèn jroning galih | wong mancing angsale agung | dadya raja pinutra | têka mèlu mancing lawan garwanipun | wong bêlah lêbar amindhang | ya ta nulya sami bukti ||
8. sampune padha amangan | nulya ana maruta sangking wuri | dhasar eca sêrangipun | gugup ambêdhol jangkar | babar layar kêmudhi pinasang sampun | angajar angin tunggara | palwa kalih angsal angin ||
9. lampahe lir jaran ngêrap | ingkang palwa lakune gagilani | kêlangkung dening amanjur | ya ta kang kawarnaa | nênggih wau cobane dewa kang agung | marang putra ing Jênggala | kang arsa tinjo mring Kêling ||
10. datan kalilan ing dewa | Radèn Panji lamun tinjo mring Kêling | anjaluk idin sang prabu | dene ing tanah Jawa | datan kêna kaungkulan [kaung...]
--- [f. 188v] ---
[...kulan] liyanipun | milane datan kalilan | ing Jawa sêpuh pribadi ||
11. sêmona cobaning dewa | sigra angin păncawura gung prapti | udan andêrs awor lesus | guntur muni sauran | kilat thathit ambarung calèrèt taun | saya agêng kang maruta | ulur-ulur andhatêngi ||
12. gumarênggêng syaranira | banyu silak katêrajang ing angin |
[Ilustrasi:] Kartala, Punta, Pêrmadi, Panji, kêlêm sêgantên.
[Redaksi: Kartala, Punta, Permadi dan Panji tenggelam di tengah samodra.]
--- [f. 189r] ---
pêtêng kadi têngah dalu | gègèr kănca pambêlah | padha nangis ing palwa syara gumuruh | Rahadèn Panji sêmona | pan sampun anyipta pati ||
13. sagunge para kadeyan | Sêkartaji datan anyipta urip | sêdaya anyipta lampus | ya ta wau kang palwa | pan tinêmpuh ing maruta agêng rawuh | palwa katinggor ing parang | wus kêlêm datan kaèksi ||
14. sumyur awake baita | tan karuwan pating [pa...]
[Ilustrasi:] Bancak, Pêrsănta, Ragilkuning, Sêkartaji, kêlêm sêgantên.
[Redaksi: Bancak, Persanta, Ragilkuning dan Sêkartaji tenggelam di tengah samodra.]
--- [f. 189v] ---
[...ting] salêbar sami | êmbane prasami lampus | tiyang pambêlah sirna | jisimipun tan karuwan paranipun | anèng satêngah samodra | kêlême kang palwa singgih ||
15. nanging rinêksa ing dewa | Radèn Panji dèrèng prapta ing janji | lawan sakadeyanipun | dèrèng prapta ing pêjah | sêparane rinêksa ing dewa agung | padha tiba ing dharatan | tan ana tumiba warih ||
16. nanging tibane parênca | ting balêsar pan nora dadi siji | Ni Sêkartaji winuwus | atêbih tibanira | kapalêsat tiba tanah Bali iku | kêlawan Ragilonêngan | Pêrsănta Jurudoh singgih ||
17. nanging prasami parênca | pan wus supe kawula lawan gusti | sêdaya prasami bingung | wantu wong rêbut gêsang | datan ana kawula lan gusti iku | lampahe sewang-sewangan |
--- [f. 190r] ---
ya ta Dèwi Sêkartaji ||
18. sampun mêntas ing dharatan | pan tibane anèng tanah ing Bali | sang rêtna manahe liwung | Rêtna Căndrakirona | kang kacipta ing sajrone manahipun | marang ngêndi lakiningwang | dhuh dewa banjutên mami ||
19. yèn lakiningsun wus pêtjah | aja suwe nuli nusula mami | adêlap têmên tumuwuh | dewa angur matia | Sêkartaji dèn pêpati raganipun | kusuma Căndrakirona | anangis sajroning ati ||
20. usike manah mêngkana | suka lamun matia awak mami | mêngkana ingkang winuwus | sagung para juwata | sami maras Nêrada kêlawan Guru | mênawa Căndrakirona | kêlakon kongsia nangis ||
21. lamun luhira tumiba | datan wande sungsang nêgara Bali | mila Yyang Pramèsthiguru | anuduh Yyang Nêrada | lah ta kakang payo turunana gupuh | titah
--- [f. 190v] ---
ngong Căndrakirona | anêkung nèng tanah Bali ||
22. gumuyu Sang Yyang Nêrada | wus pamitan nulya wau nuruni | ing tanah Bali jinujuk | lampahe kadya kilat | datan samar pêrnahe ingkang anêkung | anèng satêngahing wona | pêrnahe Ni Sêkartaji ||
23. Yyang Nêrada gya tumêdhak | pèk-kêlèpèk mencok sukêt garinting | apan kaya walang gêpuk | sira Sang Yyang Nêrada | manggat-manggut apan sarwi amarêngut | jatine Sang Yyang Nêrada | apan kabêlêt angising ||
24. kakêndhangan dhêngkulira | kêndhang cangkêm gong cangkêm gambange nênggih |[25] mlèng-kathêmlèng cangkêmipun | kêndhang nusul kiwala | pakpung kênong êgonge nusul jumêgur | rêbabe nusul nèng wuntat | ongok-ongok ingik-ingik ||
25. dalu dènnya nyêrèt kathah | candu tingko sakesuk dèrèng ngising | mila
--- [f. 191r] ---
parêngat-parêngut | labête mangkêl wêtêngnya |[26] pangêtdêne[27] asêrêt tan bisa mêtu | sinamur sarwi kêkayang | jatine angampêt iki ||
26. mêngkana Rêksi[28] Nêrada | sampun prapta ngarsane Sêkartaji | Sang Yyang Nêrada amuwus | dhuh nini putuningwang | apan sira olih sihira dewa gung | mila sun turuni sira | karsane Sang Yyang Pramèsthi ||
27. ingsun kinèn nurunana | marang sira pakone Yyang Pramèsthi | angsung wêruh mring sirèku | babo Căndrakirona | putuningsun wong ayu ayu anulus | pan sira cinadhang syarga | kêkasihe dewa luwih ||
28. mêngko nini kang sarira | pan wis ilang cintakanira nini | cobane dewa wus putus | kang maring awakira | kari iki pan wis kêlampahan putu | balik ta sira matura | paran karsanira nini ||
29. apa baya karsanira [kar...]
--- [f. 191v] ---
[...sanira] | mangke ingsun kang gawe pêrnah gusti | Sêkartaji alon matur | pukulun pojongkara | laki kula punika ingkang saèstu | punapa gêsang lan pêjah | titah panduka Dyan Panji ||
30. upami lamun gêsanga | inggih nuntên panggihna awak mami | upami yèn sampun lampus | inggih laki kawula | sayêktine kawula pan tumut lampus | gumujêng alatah-latah | Yyang Nêrada sarya angling ||
31. adhuh putu putuningwang | wis kèndêla lah aja sira pikir | lakinira putuningsun | saèstu mêksih gêsang | nanging mangke luwih adoh pêrnahipun | lagi kinuncang ing dewa | sira lawan kaki Panji ||
32. balik sira putuningwang | ngong salini rupanira pawèstri | sira arupaa kakung | kang bagus wicêksana | yèn wis salin rupanira [rupa...]
--- [f. 192r] ---
[...nira] lanang iku | anuli sun awèh pêrnah | marang lakunira nini ||
33. ya ta Ni Căndrakirona | duk sêmana nulya dipun salini | warnane wadon linarut | ya ta arupa lanang | langkung bagus kadi juwata anurun | baguse tanpa tandhinga | warnane Ni Sêkartaji ||
34. gumujêng alatah-latah | Yyang Nêrada wêtcananira amanis |[29] sun wèhi aran sirèku | arane [a...]
[Ilustrasi:] Yang Nêrada. Radèn Jayalêngkara. Wêrksa.
[Redaksi: Di bawah pohon besar, Hyang Narada mengubah wujud Candrakirana menjadi laki-laki dan diberi nama Raden Jayalengkara.]
--- [f. 192v] ---
[...rane] kanung[30] uga | kang prayoga pêparabira mas putu | arana Jayalêngkara | pan iku luwih prayogi ||
35. jayane arupa lanang | lêngkarane dene sira linuwih | nanging wêkas ingsun putu | iya kêlawan sira | pituhunên lakonana ujar ingsun | munggaha ing gunung sira | Mahamèru ing lor iki ||
36. kono ana ratu tapa | Raja Bali pan ora duwe siwi | pan lagi nêdha dewa gung | kêpingin darbe putra | pêsthi sira kêtampan dèn ambil sunu | dadi ratu sira benjang | gêntèni nêgara Bali ||
37. iku margane ing benjang | sira têmu lan lakinira Panji | yèn aprang bêdhah ing Wangsul | ya ta wau sêmana | Sêkartaji wus cinipta dadi kakung | sarta suwarane lanang | prayoga rupane sigit ||
38. ngandika Sang Yyang Nêrada | lah wis putu [pu...]
--- [f. 193r] ---
[...tu] karia ingsun amit | nulya musna sangking ngayun | wau Rêsi Nêrada | kagawokan andulu kang warna kakung | mituhu ujaring dewa | kasmaran mangkat tumuli ||
46. Asmaradana
1. lon-lonan dènnya lumaris | Rahadèn Jayalêngkara | andarung wau lampahe | sêdya dhatêng ing pêrtapan | Gunung Mahmèru ika | lêstari sira sang bagus | rawuh anèng ing aldaka ||
2. ingkang munggah marang wukir | Rahade[31] Jayalêngkara | mêndhak ngarsane sang katong | apan sarwi awotsêkar | Radèn Jayalêngkara | sang nata ika andulu | èsmu kagèt manahira ||
3. ana satriya apêkik | prapta anèng ngarsanira | sang nata alon wuwuse | hèh bocah ngêndi ta sira | prapta ing ngarsaningwang | warnamu anom abagus | lah ta apa [a...]
--- [f. 193v] ---
[...pa] gawenira ||
4. sira seba ngarsa mami | lah payo sira matura | rahadèn alon ature | pukulun jêng sri nalendra | mila awak kawula | marak ngarsane sang prabu | kawula arsa suwita ||
5. dhumatêng jêng sri bopati | yèn sudi dhatêng kawula | angandika sang akatong | Sang Prabu Bali sêmona | èngêt wangsiting dewa | baya iki warnanipun | wangsite dewa maringwang ||
6. ngandika Sang Prabu Bali | lah bocah ngêndi ta sira | lawan sapa ta arane | arsa ngawula maringwang | matur kang tinakonan | dene kawula sang prabu | alit mila kandhang mega ||
7. tanpa bapa lawan bibi | kawula lare alasan | dene ta kêkasih ingong | Rahadèn Jayalêngkara | Prabu Bali sêmona | têka rêsêp manahipun | mulat warnane rahadyan ||
8. ngandika [nga...]
--- [f. 194r] ---
[...ndika] Sang Nata Bali | yèn mêngkono kaki sira | ingsun ambil putra radèn | manira tan darbe putra | sayogya kaki sira | ingsun putra-putra danu | anggêntènana maringwang ||
9. ngandika malih sang aji | hèh kulup paraning karsa | rahadèn alon ature | kawula sumăngga karsa | sang nata langkung bungah | dene wau sang aprabu | tinêkanan sêdyanira ||
10. jinurung dewa linuwih | tinêkanan sêdyanira | kang putra bagus warnane | nyata yèn putra pêpujan | Radèn Jayalêngkara | dene warnane abagus | kadi Yyang Asmara têdhak ||
11. sang nata kondur tumuli | têdhak sangking ing aldaka | mantuk marang ing prajane | Rahadèn Jayalêngkara | tan têbih lampahira | ya ta sira sang aprabu | prapta anèng puranira ||
12. wus manjing anèng [a...]
--- [f. 194v] ---
[...nèng] jro puri | wadyane tan ana wikan | sang nata manjing kêtdhaton | tansah lawan putranira | Radèn Jayalêngkara | ênting sukane sang prabu | datan pêgat akasukan ||
13. kêlawan kang bala mantri | siyang dalu akasukan | mêngkana sira sang katong | ya ta antarane loma | Prabu Bali pralena | dadi sira sang abagus | Rahadèn Jayalêngkara ||
14. jumênêng Nalendra Bali | sagunge para nalendra | apan angèstrèni kabèh | putrane sri naranata | gumanti lênggahira | pêparabira sang prabu | Mahraja Jayalêngkara ||
15. warnane kêlangkung pêkik | Sang Prabu Jayalêngkara | tan ana tandhing baguse | ginunggung para punggawa | mantri suyut sêdaya | sajênêngira sang prabu | ing Bali kêlangkung arja ||
16. ya ta cinarita malih | Ni Abong lawan Pêngayat | inyanira [i...]
--- [f. 195r] ---
[...nyanira] sang lir sinom | angsal pitulunging dewa | inya kêkalih ika | tiba ing Bali puniku | tunggil lawan gustinira ||
17. ya ta babu inya kalih | angsal pitulunging dewa | saujare syara mangko | hèh Abong lawan Pêngayat | lah sira ngawulaa | ing Ratu Bali puniku | lah ta nyawa wruhanira ||
18. kang jumênêng Ratu Bali | iya iku gustinira | Sêkartaji ing kêtdhaton | nanging ta sira dèn awas | Abong lawan Pêngayat | tan dêrona manahipun | kutha Bali linêbonan ||
19. karsa panggih lan sang aji | pan nora mawi larapan | sangking wantêre manahe | wus panggih lawan sang nata | Prabu Jayalêngkara | datan samar tingalipun | marang ing pawonganira ||
20. miwah Ni Abong puniki | tanapi babu Pêngayat | tan samar marang gustine |
--- [f. 195v] ---
kusuma Căndrakirona | sênadyan dadya lanang | inya kalih tingalipun | tan samar ing gustinira ||
21. tur sêmbah ni êmban kalih | ing padane gustinira | sang nata alon wuwuse | payo biyang padha ngiwa | marang panêpèn pura | aja na wong ingkang wêruh | amunga ingsun lan sira ||
22. sapraptane dalêm puri | tutuk dènnya arêrasan | inya kêkalih ta mangko | pan sami anamur tingal | dene inya Pêngayat | sinalinan rupanipun | dèn salini rupa lanang ||
23. Pêngayat kinarya patih | pêpatihira sang nata | Jayasasmita arane | wong Bali tan ana wikan | lamun sinamur lampah | ya ta malih kang cinatur | kocapa Dèwi Onêngan ||
24. langkung dening kawlasasih | kusuma Dèwi Onêngan | kapisah lawan kadange [kadang...]
--- [f. 196r] ---
[...e] | anèng satêngahing wona | sang dyah kawêlasarsa | tanpa dhahar lawan turu | asangêt panêkungira ||
25. mêngkana kusuma dèwi | panêdhanira ing dewa | pinanggihêna ta mangko | wau lawan kadangira | Radèn Panji punika | upoma yèn èstu lampus | pêngajapan ingsun tawang ||
26. manira pan aja kari | nuli ingsun palastraa | dèn banjuta ing dewane | ya ta Ni Ragilonêngan | kalanira sêmana | abangêt panêkungipun | marang ing dewa bêtthara ||
27. mêngkana ingkang winarni | kusuma Dèwi Onêngan | kêlangkung wau brangtane | langkung dènnya amusakat | ana usiking dewa | awêsta Bêtthara Bayu | tumêdhak ngarsa sang rêtna ||
28. Bêtthara Bayu lingnya ris | adhuh nini putuningwang | nyawa putuningsun [pu...]
--- [f. 196v] ---
[...tuningsun] dhewe | dene sira kawlasarsa | anèng satêngah wona | kapisah lawan kadangmu | adhuh nini putuningwang ||
29. matur Dèwi Ragilkuning | pukulun Yyang Pajongkara | juwata sintên namine | ingkang awêlas maringwang | Sang Yyang Bayu lingira | yèn sira tambuh maringsun | Bêtthara Bayu manira ||
30. mulane tumurun mami | bangêt wêlas marang sira | adhuh putu putuningong | sira sun salini rupa | aja rupa wanodya | lah sira rupaa kakung | kang bagus mêksih taruna ||
47. Sinom
1. ya ta Ni Ragil Onêngan | umatur sarwi wotsari | pukulun Yang Pajongkara | sumăngga karsa Yyang Kaki | pukulun awak mami | sumăngga karsa Yyang Ulun | ya ta Dèwi Onêngan | wus linarut ingkang [ing...]
--- [f. 197r] ---
[...kang] warni | rupa wadon sinalinan rupa lanang ||
2. abagus mêksih taruna | pan sampun dipun parabi | Rahadèn Jayaasmara | tuhu baguse rêspati | warnane jungkarangin | Jayaasmara abagus | Bêtthara Bayu lingira |[32] sira ngawulaa nini | Ratu Bali Sang Prabu Jayalêngkara ||
3. lawan ingsun wuruk sira | sêkathahe ingkang aji | karosan [karosa...]
[Ilustrasi:] Jayaasmara. Bêtthara Bayu.
[Redaksi: Batara Bayu mengubah wujud Dewi Onengan menjadi laki-laki dan diberi nama Raden Jayaasmara.]
--- [f. 197v] ---
[...n] lan kadikjayan | kêkandêlaning kulit |[33] Ni Dèwi Ragilkuning | wau ingkang mindha kakung | langkung bungah kang manah | angsal sihe dewa luwih | ciptaning tyas kaya yèn lamun prawira ||
4. Bêtthara Bayu ngandika | ngawulaa Ratu Bali | lah ta nini putuningwang | sayêkti benjang kêpanggih | lawan kadangerèki | iya Radèn Marabangun | anèng têngah paprangan | yèn benjang Bali ajurit | pêsthi sira kêpanggih lan kaki putra ||
5. lah uwis sira karia | pun kaki apamit mulih | poma iku wêkas ingwang | sira èstokêna kaki | Bêtthara Bayu nênggih | musna sangking ngarsanipun | mantuk marang kayangan | kocapa wau sang pêkik | kang pêparab Rahadèn Jayaasmara ||
6. langkung bungah manahira [manahi...]
--- [f. 198r] ---
[...ra] | angsal wangsite dewa di | Rahadèn Jayaasmara | sêmana wau lumaris | arsa wau angabdi | dhatêng sira sang aprabu | Radèn Jayaasmara | magêr timun lampahnèki | nêgri Bali rahadèn ingkang sinêdya ||
7. Rahadèn Jayaasmara | lampahe anjungkarangin | lembeyan mêrak akuntal | wong rangkung bênthing awingwing | bêranyak anjêlanthir | sêmbada busananipun | akampuh jingga măngsa | alancingan cindhe wilis | paningsête pêtthala[34] wilis sinotya ||
8. adhuwung tinaturăngga | ukiran cula sinêmi | akalpika intên mulya | asumping sinurèng pati | gêlang kona rêspati | têbah jaja akêkalung | kêlatbahu rinêngga | sinasotya intên bumi |
--- [f. 198v] ---
tuhu bagus Rahadèn Jayaasmara ||
9. sampun lêpas lampahira | tan kandhêk dènnya lumaris | Rahadèn Jayaasmara | lampahira kadi thathit | nêngna ingkang lumaris | kocapa sira sang prabu | ing Bali siniwaka | pinarak ing păncaniti | pan ingayap sagunge para pawongan ||
10. andhèr ingkang wadyabala | wong Bali sami anangkil | mantri kêlawan punggawa | supênuh ngarsa sang aji | patih anyar winarni | Jayasasmita nèng ngayun | cingak kang wadyabala | sagunge punggawa Bali | aningali Prabu Anjayalêngkara ||
11. baguse tan ana madha | sri naranata ing Bali | wau ingkang siniwaka | pinarak dhampar rinukmi | bagus tan ana tandhing | lir Komajaya tumurun | wong Bali [Ba...]
--- [f. 199r] ---
[...li] sami suka | mulat mring gustinerèki | sri nalendra baguse tan ana madha ||
12. eca timbalan wêtcona | kêsaru kang lagya prapti | Rahadèn Jayaasmara | malêbêt ing păncaniti | cingak ingkang ningali | punggawa gawok andulu | Radèn Jayaasmara | wong bêranyak sugih wani | manjing pura tanpa nganggo subasita ||
13. prapta ngarsane sang nata | mêndhak sarwi awotsari | Rahadèn Jayaasmara | mukanya lir konjêm siti | tumungkul dènnya linggih | sang nata ika andulu | marang Jayaasmara | warnane kêlangkung pêkik | têka rêsêp manahe sri naranata ||
14. sang nata alon ngandika | lah sira satriya ngêndi | aseba ing ngarsaningwang | apa sêdyanira iki | rahadèn atur bêkti |
--- [f. 199v] ---
atur kawula pukulun | mila awak kawula | marêk panduka sang aji | lamun kangge kawula arsa ngawula ||
15. dhumatêng panduka nata | amunakawan sang aji | dene ta awak kawula | kêlangkung kawêlasasih | mèsêm Sang Nata Bali | angandika manis arum | bangêt tarimaningwang | yèn sira ngawula mami | ingsun karya sira lurah punakawan ||
16. mêngkana sri naranata | kêlangkung suka ing galih | mulat Ki Jayaasmara | ingakên sudarawèdi | dhatêng Sang Nata Bali | datan pisah sang abagus | cinatur sri nalendra | acêngkrama mring wanadri | sri nalendra apan anitih jêmpona ||
17. Rahadèn Jayaasmara | apan nora kêna têbih | angirit wadya prawira | kawan dasa ingkang ngiring | miwah punggawa mantri [ma...]
--- [f. 200r] ---
[...ntri] | pan sami ngiring sêdarum | dene sri naranata | amêng-amêng ing wanadri | ambêburu kidang kêlawan mênjangan ||
18. Rahadèn Jayaasmara | apan nora kêna têbih | kêlawan sri naranata | ya ta prapta ing wanadri | lampahe Ratu Bali | ya ta wau kang winuwus | ana cobaning dewa | têksaka agêng kang prapti | kang têksaka agênge kagila-gila ||
19. têksaka lanang sêmana | angakak angadhang margi | gègèr sagunge punggawa | wong Bali pan sami ajrih | dhatêng têksaka nênggih | mantri pan sami lumayu | ya ta ingkang têksaka | arsa anyandêr sang aji | gya pinapak ing Radèn Jayaasmara ||
20. pan karo asta kiwala | têksaka dipun kêmbari | mring Radèn Jayaasmara | cinandhak ing asta kalih [ka...]
--- [f. 200v] ---
[...lih] | dèn bêthot gulunèki | têksaka anulya lampus | gawok para prawira | wong Bali ika ningali | marang sira Rahadèn Jayaasmara ||
21. katingal prawiranira | mring sagung punggawa mantri | sami anggunggung sêdaya | yèn Jayaasmara sêti | kala anèng wanadri | pan ana banthèng angamuk | Radèn Jayaasmara | ingkang kinèn angêmbari | tinêmpiling rêmuk sirahe andaka ||
22. dadya langkung kapracaya | marang sang prabu ing Bali | Rahadèn Jayaasmara | prawira kêlangkung sêti | mêngkana Prabu Bali | kundur sangking ing wana gung | Radèn Jayaasmara | apan nora kêna kari | sri nalendra malêbêt ing dalêm pura ||
23. ya ta malih kawarnaa | kang sangêt kawêlasasih | Jurudoh lawan Pêrsănta | mundur sangking ing wanadri | anèng nêgari [nê...]
--- [f. 201r] ---
[...gari] Bali | wong loro padha amêsum | alami nora mangan | kari balung lawan kulit | Ki Jurudoh tansah alara karuna ||
24. Dhayok paran budinira | nora wande sira mati | labête nora amangan | payo maring ing nêgari | aja amikir gusti | bêcik modar bêcik lampus | padha angêrbut awak | payo maring ing nêgari | padha jujuk Dhayok ing pasar kiwala ||
25. sumaur Menak Pêrsănta | anggêgampang sira iki | anjujuk maring ing pasar | kaya nêgrine pribadi | yèn sira dèn takoni | maring ing panggêdhenipun | lah êndi suratira | surat tandhane nêgari | yèn tan ana pêsthi yèn sira binănda ||
26. dèn têrka bajak kêsasar | pêsthi kang duwe nêgari | Ki Jurudoh ika ngucap [ngu...]
--- [f. 201v] ---
[...cap] | sokur kang duwe nêgari | nuli sinungan bukti | sarta lawan iwak sêmur | nadyan kinèn mikula | yèn ingsun wis dèn warêgi | nora maras wong lêmu măngsa matia ||
27. angucap Menak Pêrsănta | anggêgampang sira iki | iya yèn dèn wèhi sêga | yèn dèn lêbokakên sêpir | nuli dipun têlasi | êndhasmu nuli dèn gantung | iku ukume bajak [baja...]
[Ilustrasi:] Bancak. Dhoyok.
[Redaksi: Bancak dan Doyok sedang berbincang-bincang.]
--- [f. 202r] ---
[...k] | kontholmu dipun gêbiri | Ki Jurudoh langkung maras atinira ||
28. kirik-kirik pan karuna | Dhayok lah kêpriye iki | nora wurung aku modar | Pêrsănta amuwus aris | ewamêngkono ugi | lah payo padha lumaku | payo padha anekat | bêja mati bêja urip | padha takon êndi arane nêgara ||
29. mêngkona Menak Pêrsănta | wong loro padha lumaris | Ki Jurudoh anèng wuntat | anjujuk nêgara Bali | mêngkona anujoni | anèng marga pan kapêthuk | wong siji maring pasar | sêmona dipun takoni | lah kisanak manira arsa têtanya ||
30. nêgara pundi punika | sumaur kang dèn takoni | arane ingkang nêgara | iya nêgara ing Bali | sira iki wong ngêndi | rupamu padha amêsum |
--- [f. 202v] ---
sumaur Ki Pêrsănta | kuru pisan nora bukti | lah ta nêdha rika wènèhana sêga ||
31. dimèkne lêmu manira | yèn wis lêmu awak mami | pêsthi kêna sira sambat | manira malês sirèki | payo sambatên mami | sira sambata amikul | ingsun măngsa suweya | jêr rumăngsa dèn bêciki | ya ta mèsêm ingkang sinung ujar ika ||
32. pan sarwi gumuyu latah | manira pan nora sugih | awèh mangan singa wonga | anak ingsun kurang bukti | yèn sira jaluk nêdhi | aja jaluk maring ingsun | jaluka maring pasar | nanging pirabara olih | wong dêduwe jinaluk măngsa awèha ||
33. gumuyu Menak Pêrsănta | tobat têmên ingsun iki | margane wong lagi siyal | anjêjaluk nora olih | anyilih tan dèn wèhi | sêsanak [sêsa...]
--- [f. 203r] ---
[...nak] tan sudi ngaku | utang tan dèn andêla | kêkăndha tan dèn rèwèsi | luwih bêcik anguran padha anekat ||
34. sêmona Menak Pêrsănta | wus lêpas dènnya lumaris | anut wong maring ing pasar | tan antara nulya prapti | anèng ing pasar Bali | lagya rame wong têtuku | wong dodol warna-warna | ing warung amarik-marik | Ki Pêrsănta kasmaran ing manahira ||
48. Asmaradana
1. Jurudoh Pêrsănta singgih | polahe akulithihan | tuku tan ana dhuwite | wantune wong maring pasar | akèh kang katingalan | dhasar ngêlih wêtêngipun | anjajan tan duwe gobang ||
2. ya ta nulya amusapir | anjaluk lawan pariman | ngalor ngidul apan dhadhok[35] | saprandene [saprande...]
--- [f. 203v] ---
[...ne] nora angsal | ngiwa nêngên anunjang | sawênèh ana anyikut | Pêrsănta sakit manahnya ||
3. Jurudoh barêbês mili | lah Dhayok kapriye uga | anjêjaluk nora olèh | sarira tanpa ajia | ngiwa nêngên anyepak | payo ambêbarang ngamuk | wong pasar dimèkne bubar ||
4. Ki Pêrsănta muwus aris | pêngamuke tan sêpira | balik ta mêngko burine | pêsthi ta awak manira | dadi satrune nata | pêsthi mungsuhe wong agung | wong siji kuwat sêpira ||
5. arane silih wong urip | padha angadu kawiknyan | apan ta saprayogyane | manira anduwe akal | wong Bali măngsa wêruha |[36] iya lawan gêlar ingsun | payo padha masang gêlar ||
6. Ki Jurudoh
--- [f. 204r] ---
anauri | lah kêpriye gêlarira | Pêrsănta alon wuwuse | lah mêngkene gêlar ingwang | payo padha bêbarang | ingaran bêbarang jantur | gamêlane mung sêpala ||
7. pêrantine jantur iki | kadhok[37] tikus lawan kadhal | jangkrik walang orong-orong | Ki Jurudoh tinuturan | pirantine anyulap | Jurudoh suka gumuyu | iya iku bênêr uga ||
8. lah payo padha angambil | pêrantine wong anyulap | wong roro wus lunga age | angambil kadhok lan kadhal | jangkrik kêlawan walang | atanapi ula gadhung | akale Menak Pêrsănta ||
9. kinarya bêbarang singgih | bêbarang jantur karsanya | wong roro padha ajanjèn | ujare Menak Pêrsănta | yèn ingsun jaluk ula | wêtokêna ula gadhung | yèn ingsun anjaluk [anjalu...]
--- [f. 204v] ---
[...k] kadhal ||
10. kadhale wêtokna nuli | aja kongsi kawêruhan | sartane winulang kêdhèp | arane wong main akal | lamun anjantur ingwang | jantur kang manira jantur | ula nuli wêtokêna ||
11. yèn pêlok sun jantur iki | kadhok sira wêtokêna | yèn anjantur janggêl mangke | tikuse nuli wêtokna | dene lamun manira | anjantur sêpahan têbu | kadhale sira wêtokna ||
12. Ki Jurudoh anganthuki | lah ta Dhayok aja maras | ingsun bisa sêratine | yèn mêngkono akalira | ingsun pan wis anduga | ya ta kadhok lawan tikus | ula kadhal winadhahan ||
13. anèng kanthong motha singgih | pan mêksih urip sêdaya | Ki Pêrsănta ing karsane | lawan Ki Jurudoh ika |
--- [f. 205r] ---
barang jantur mring pasar | wong loro pating kathutmuk[38] | amindha santri Pêsundhan ||
14. kanthonge motha cinangking | Jurudoh anèng ing wuntat | sarwi gawa tabuhane | gamêlan êpring sak sigar | apan ta ginêthêtan | orèk-orèk aranipun | tabuhane wong anyulap ||
15. sapraptane pasar nênggih | Ki Pêrsănta ika ngucap | anak putu ingsun kabèh | ingkang padha adodolan | mênawa arsa nanggap | manira ambarang jantur | lah mara padha nanggapa ||
16. wong pasar cingak ningali | anuju wong adol reyal | wau ingkang atêtakon | paman lêmu sun atanya | iku bêbarang apa | kêpriye têgêse jantur | lèrèna ingsun ananggap ||
17. pira tanggapane ugi | sumaur Menak Pêrsănta |
--- [f. 205v] ---
inggih larang tanggapane | wantune wong barang nyulap | lamun ta nora guna | măngsa bisaa anjantur | sêpah têbu dadi walang ||
18. yèn jinantur pêsthi dadi | sêpah malih dadi walang | bisa mabur cumêlorot | bungah ingkang tinuturan | gumuyu latah-latah | yêkti ingsun arsa wêruh | sêpira tanggapanira ||
19. yèn walang janture iki | tanggapane têlung uwang | kadhale kêlima êtèng | kadhokipun gangsal uwang | tikus sêpuluh uwang | ula gadhung têlung suku | puniku pan sampun lumrah ||
20. kang wade reyal nauri | ingsun têbas kalih reyal | payo lêkasana age | manira pan arsa wikan | paman gènira nyulap | Menak Pêrsănta gumuyu | yèn buruhane wus têrang ||
21. amêsthi ingsun lêkasi |
--- [f. 206r] ---
ya ta Ki Menak Pêrsănta | wau kêlawan Jurudoh | anjantur Menak Pêrsănta | Sadulumur nèng wuntat | anabuh ing korèkipun | gumêr kang padha tumingal ||
22. polahe Pêrsănta singgih | kêlawan Jurudoh ika | wong roro padha gênthone | amrih tungkule kang mulat | anênga maring tawang | apan sarwi amêcucu | api-api ngundang dewa ||
23. Jurudoh anèng ing wuri | anabuh kêkorèkira | Pêrsănta anjantur age | sun anjantur ngundang dewa | lah age tumuruna | sun anjantur sêpah têbu | ingsun jantur dadi walang ||
24. lah dewa walange êndi | nuli age wêtokêna | Jurudoh anulya age | angrogoh kêkanthongira | walang sinungkên inggal | inggih ingkang walang gêpuk | sinungkên Menak Pêrsănta [Pêr...]
--- [f. 206v] ---
[...sănta] ||
25. anulya dipun tampèni | sêpahe nulya binuwang | ingkang nonton samar kabèh | bingung denira tumingal | polahe Ki Pêrsănta | sêpah dadi walang gêpuk | gègèr wong pasar tumingal ||
26. gumuruh padha ningali | sawênèh gumuyu suka | ana wong barang nyalênèh | ngubalake kasêntikan | sêpah kang dipun cipta | apan dadi walang gêpuk | wong ika kêlangkung guna ||
27. salang tunjang wong ningali | sawênèh gumuyu latah | sêpah dadi walang gênjor | nora talah dene guna | aku pan nora nyana | rupane lir antu laut | bisa anggawe tontonan ||
28. payo alêkasa maning | paman anggawea kadhal | kêlawan gawea kadhok | payo nuli lêkasana | manira arsa wikan | anulya
--- [f. 207r] ---
lêkas anjantur | sira Ki Menak Pêrsănta ||
29. Jurudoh anèng ing wuri | anabuh kakorèkira | pinirsa kêlangkung rame | Ki Pêrsănta akêkayang | macucu ngundang dewa | kaki dewa dèn agupuh | kadhale nuli wêtokna ||
30. Jurudoh suka kang galih | anulya ajupuk kadhal | sêlonong dèn ulungake | kêlawan kadhoke pisan | Pêrsănta wus atămpa | kang
[Ilustrasi:] Bancak. Pêrsănta. Pantês. Warkiyah.
[Redaksi: Bancak dan Persanta sedang menggelar pertunjukan sulap dihadapan Pantes dan Warkiyah.]
--- [f. 207v] ---
nonton tan ana wêruh | tan ana ingkang graita ||
31. pêloke dèn buwang aglis | nulya wau sinalinan | kadhok kêlawan kadhale | gègèr wong Bali wurahan | padha gumuyu suka | nora talah paman lêmu | dene ta kaliwat guna ||
32. ya ta suka ingkang galih | Jurudoh lawan Pêrsănta | ingkang mulat wêdi kabèh | sira Ki Menak Pêrsănta | nora kewuhan pangan | alaris apan kumrubut | ngalor ngidul padha nanggap ||
33. ngulon ngetan padha nari | malah bingung Ki Pêrsănta | sangking ta wau larise | ya ta wau awurahan | warta katular-tular | yèn ana wong barang jantur | kaliwat dene aguna ||
34. gawok wong Bali ningali | sêpah têbu dadi walang | pêlok apan dadi kadhok | janur kuning dadi ula |
--- [f. 208r] ---
gawok ingkang tumingal | dhasar têmbene andulu | ing Bali pan nora nana ||
35. ya ta katur ing sang aji | yèn ana wong luwih guna | barang jantur pasar gêdhe | kêlangkung sangking aguna | janur pan dadi ula | sêpah dadi walang gêpuk | Sang Prabu Bali sêmona ||
36. alênggah ing păncaniti | ingayap kang para inya | sang nata mirsa wartane | ana wong luwih aguna | barang jantur nèng pasar | kang warta sampun misuwur | sangking wartane wong kathah ||
37. wantune tatiyang Bali | katêmbèn mirsa tontonan | mila kang warta arame | kasuwur lamun aguna | sira Menak Pêrsănta | ya ta ngandika sang prabu | syara rum lir guladrawa ||
49. Dhandhanggula
1. angandika sang prabu ing Bali | marang sira Ni Inya Sèbêtan | manira mirsa wartane |
--- [f. 208v] ---
ana wong barang jantur | sakêlangkung dene asêti | lah biyang timbalana | marang ngarsaningsun | manira pan arsa wikan | wong anjantur kaliwat dene asêti | lah payo timbalana ||
2. Ni Sèbêtan sigra awotsari | pan sandika wau aturira | wus mêdal ing jaba mangke | Ni Sèbêtan katêmu | lan Pêrsănta dèn têtakoni | apa ta baya sira | ingkang barang jantur | sumaur Menak Pêrsănta | inggih kula bibi kang kawêlasasih | barang jantur nèng pasar ||
3. Ni Sèbêtan wuwuse amanis | apan sira ngandikan sang nata | Sang Prabu Bali ta mangke | apan ta arsa wêruh | ing rakite wong jantur iki | kayungyun sangking warta | dènira anjantur | mila sira tinimbalan | Ki Pêrsănta sandika ature singgih [sing...]
--- [f. 209r] ---
[...gih] | nulya sami lumampah ||
4. tan kawarna lampahirèng nguni | sira wau Ki Menak Pêrsănta | lawan Ni Sèbêtan mangke | prapta ngarsa sang prabu | Ni Sèbêtan nulya wotsari | mêndhak ngarsa sang nata | alênggah nèng ngayun | sang nata ika tumingal | mring Pêrsănta kêlawan Jurudoh nênggih | sang nata datan samar ||
5. angandika sang prabu ing Bali | marang sira Ni Inya Sèbêtan | baya ta iki warnane | kang bisa barang jantur | Ni Sèbêtan matur wotsari | lah ta inggih punika | gusti warnanipun | kang barang jantur nèng pasar | sri nalendra mèsêm angandika aris | marang Menak Pêrsănta ||
6. paman lêmu sira sun takoni | sapa baya mangke aranira | lawan ing ngêndi omahe | kaya mangke sirèku | ingkang bisa
--- [f. 209v] ---
anjantur iki | matur Menak Pêrsănta | sarwi awotsantun | pukulun jêng sri nalendra | gih kawula kang wêsta Pêrsănta nênggih | sangêt kawêlasarsa ||
7. sangking dene kakirangan têdhi | mila mangke kawula bêbarang | sangking tan kuwawi ngêlèh | kawula barang jantur | anglampahi wirang lan isin | Prabu Bali sêmona | angêrs manahipun | sang nata alon ngandika | lah ta payo jantura ing ngarsa mami | manira arsa wikan ||
8. Ki Pêrsănta nulya atur bêkti | pan sandika wau aturira | nulya lêkas jantur mangke | Ki Jurudoh nèng pungkur | pan anabuh kêkorèk nênggih | gumêr sagung pawongan | pra inya andulu | marang Ki Menak Pêrsănta | gènnya jantur pan kathah ing polahnèki | mêcucu akêkayang ||
9. apan sarwi anênga [a...]
--- [f. 210r] ---
[...nênga] ing langit | api-api wau ngundang dewa | sêpah têbu sun janture | dadia walang gêpuk | apan sarwi nolih ing wuri | lah dewa tumuruna | nêdha walang gêpuk | Ki Jurudoh pan anjola | katiwasan Dhayok walange wus mati | mati dèn pangan kadhal ||
10. Ki Pêrsănta ika gobak-gabik | tobat têmên wakane ta sira | nora mari sêmbranane | anggawe wirang ingsun | lah kêpriye ta polah mami | cidra marang sang nata | Pêrsănta ambêcu | Sang Prabu Bali ngandika | paman lêmu lah êndi warnane singgih | sêpah kang dadi walang ||
11. Ki Pêrsănta matur awotsari | dhuh pukulun gusti sri nalendra | angaturakên dukane | walange sampun lampus | dipun cakot ing kadhal gusti | mèsêm [mèsê...]
--- [f. 210v] ---
[...m] sri naranata | angandika arum | yèn walange wis palastra | lah ta payo sira anggawea maning | kadhal sira jantura ||
12. ingsun paman pan arsa udani | olihira anjantur ta ika | Pêrsănta atur sêmbahe | nulya lêkas anjantur | pan akathah lalewanèki | mêcucu akêkayang | sarwi nênga luhur | api-api ngundang dewa | ingsun jantur ing wilah silatdan[39] nuli | age salina rupa ||
13. dadi kadhal ingkang kuning-kuning | kaki dewa nuli tumuruna | pêrènèkna kêkadhale | Ki Jurudoh anjumbul | alah Dhayok tiwas ping kalih | wis kaku kadhalira | Dhayok pan wis lampus | Ki Menak Pêrsănta gundham | nora talah wakane sira puniki | têka anggawe wirang ||
14. Ki Pêrsănta mêcucu
--- [f. 211r] ---
tan angling | Prabu Bali alon angandika | lah paman êndi kadhale | Ki Pêrsănta umatur | ngaturakên tiwas ping kalih | cinakot kadhok ika | inggih sampun lampus | mèsêm sang prabu ngandika | paman lêmu sira agawea maning | pêlok sira jantura ||
15. pan dadia kadhok ingkang lurik | ingsun paman iya arsa wikan | Pêrsănta atur sêmbahe | nulya lêkas anjantur | pan akathah lalewanèki | mêcucu akêkayang | sarwi nênga luhur | api-api ngundang dewa | ingsun jantur pêloke dadia iki | nuli salina rupa ||
16. dadi kadhok ingkang lurik-lurik | kaki dewa nuli tumuruna | pêrènèkna ing kadhoke | Ki Jurudoh mêcucu | lah ta Dhayok tiwas ping katri | kadhoke uwis modar | cinakot ing tikus | Ki Pêrsănta
--- [f. 211v] ---
têbah jaja | nora talah wakane sira puniki | têka anggawe wirang ||
17. Ki Pêrsănta ambêcu tan angling | Prabu Bali alon angandika | lah paman êndi kadhoke | Ki Pêrsănta umatur | ping sêkawan tiwas ta gusti | tikus cinakot ula | inggih sampun lampus | mèsêm sang prabu ngandika | kayaparan malih-malih nora dadi | payo sira gawea ||
18. ula gadhung payo dipun aglis | lêkasana ingsun arsa wikan | Pêrsănta atur sêmbahe | nulya lêkas anjantur | pan akathah lalewanèki | mêcucu akêkayang | sarwi nênga luhur | api-api ngundang dewa | para inya pawongan lan para nyai | gumuyu ambata rêbah |[40]|
19. Ki Pêrsănta anolih ing wuri | kaki dewa ula parènèkna | Jurudoh ika saure | ulane pan wis lampus [lam...]
--- [f. 212r] ---
[...pus] | mati dipun têkak ing bêlis | Pêrsănta kawirangan | nangis sênggruk-sênggruk | adhuh dewa patènana | nora kêlar manira wirang lan isin | angur dipun gantunga ||
20. Ki Jurudoh pan mèlu anangis | asêsambat Panji gustiningwang | wong loro barêng tangise | wong loro ting salênggruk | sri nalendra angêrs kang galih | alon dènnya ngandika | sira sang aprabu | panggene sira karuna | paman lêmu kaya priye janturnèki | êndi rupane paman ||
21. dene sira têka padha nangis | lah ta apa karane karuna | Pêrsănta alon ature | pukulun sang aprabu | milanipun kawula nangis | kaku manah kawula | setane ambêsur | angrusuhi tiyang nyulap | kula jantur tan pêgat dipun rusuhi | ula tinêluh setan ||
22. kaku têmên gusti ingkang [ing...]
--- [f. 212v] ---
[...kang] ati | setan pothar amamurung karya | kang jinantur wurung kabèh | mèsêm sira sang prabu | angandika wêtcona manis | paman sira mênênga | wis aja anjantur | karo ingsun pupu sira | karo pisan padha sun karya priyayi | ngawulaa maringwang ||
23. Ki Pêrsănta nulya atur bêkti | pan sumungkêm anèng ing pratala | pan sarwi nêkêm sirahe | pukulun [puku...]
[Ilustrasi:] Prabu Bali, para inya. Dhoyok. Bancak.
[Redaksi: Prabu Bali diapit para emban, memanggil Doyok dan Bancak.]
--- [f. 213r] ---
[...lun] sang aprabu | inggih sangêt nuwun pun patik | pasihan pandukendra | mupu kawlasayun | kawula atur prasêtya | pêjah gêsang wontêna ngarsaning gusti | inggih prasêtya kula ||
24. langkung bungah wau sri bopati | aningali Ki Menak Pêrsănta | apan dadya lalirone | Rahadèn Marabangun | Ki Pêrsănta panglipur brangti | Prabu Jayalêngkara |
[Ilustrasi:] Jayaasmara. Para punggawa Bali.
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Radèn Jayaasmara dan para punggawa Bali sedang menghadap Prabu Bali.]
--- [f. 213v] ---
alon dènnya muwus | hèh ta bapa pêkênira | karo pisan ingsun paringi kêkasih | dene Menak Pêrsănta ||
25. ingsun alih arane puniki | Menak Agung kaliwat prayoga | Menak Cao kang sijine | Ki Jurudoh puniku | karo padha sun junjung linggih | dadia bauningwang | têngên kiwa iku | yayi mas Jayaasmara | Menak Agung sandika ature singgih | kalih sarêng wotsêmbah ||
26. ya ta sira sang prabu ing Bali | duk sêmona tansah pagunêman | wau kêlawan arine | Jayaasmara bagus | wus jinunjung dadya pêpatih | karya wakil sang nata | angrèh para ratu | Sang Prabu Bali ngandika | maring patih Ki Jayaasmara singgih | yayi sira ngong duta ||
27. angêlara jajahan ing Bali | sêkathahe ratu [ra...]
--- [f. 214r] ---
[...tu] ingkang băngga | jajahan têpis wiringe | ingkang nora anungkul | marang nêgrinira ing Bali | lah padha têlukêna | ing sabawahipun | ki patih matur sandika | tan lênggona ing karsa jêng sri bopati | sang nata angandika ||
28. marang sira Ki Agung ta singgih | atanapi Ki Cao punika | sang nata pangandikane | lah sira Bapa Agung | karo pisan lah aja kari | padha sira mèlua | marang lakunipun | yayi mas Jayaasmara | Menak Agung sandika ature singgih | kalih sarêng wotsêkar ||
29. sri nalendra manjing dalêm puri | kawarnaa ingkang mêdal jaba | ki patih nata balane | kêlawan Menak Agung | apan sami anata baris | wadya Bali tinata | wus siyagèng pupuh | prajurit lan ulubalang | sumawona
--- [f. 214v] ---
sagunge wadya prajurit | lawan sagamanira ||
30. wus miranti sagamaning jurit | wus tinata rakite ngayuda | wong Bali bungah manahe | sakèhe wadya agung | nulya budhal rêkyana patih | ingiring dening bala | miwah Menak Agung | Menak Cao anèng wuntat | dipun iring sagunge punggawa mantri | sami wahona kuda ||
31. tan kawarna lampahirèng nguni | Kyana Patih Anjayaasmara | ngancik jajahan liyane | wau ingkang tinêmpuh | ing nêgari Leyangan singgih | aprang kanggo sadina | ratune anungkul | têluk dhatêng kyana patya | kinèn seba dhatêng sang nata ing Bali | Sri Nalendra Cancangan ||
32. băndayuda nulya dèn unggahi | dènnya aprang tan kongsi sadina | anulya nungkul ratune | băndayuda [bă...]
--- [f. 215r] ---
[...ndayuda] wus têluk | kinèn seba dhatêng sang aji | Patih Jayaasmara | pan sampun misuwur | yèn prajurit kinuwasa | para ratu pan sami kêkês kang galih | ajrih anglawan yuda ||
33. sêkathahe kang para dipati | apan sampun anungkul sêdaya | para ratu sêkathahe | sêdaya sami suyut | marang sira sang rajèng Bali | pan sami angawula | atur putri ayu | sêkathahe kang nêgara | kang dèn ancik marang Kyana Patih Bali | sami nungkul sêdaya ||
34. malah nyabrang lalatdan[41] ing Bali | Bêlambangan lawan ing Lumajang | Pranggonan Sandiwringine | ing Sarêngat anungkul | pan ing Wajak lan Watuurip | ing Betal Padhomasan | sêdaya anungkul | atur putri kumawula | dhatêng Prabu Jayalêngkara ing Bali |
--- [f. 215v] ---
ratu amăndraguna ||
35. suyut sagung ingkang para aji | dhatêng Patih Dyan Jayaasmara | wau ingkang nêlukake | kêlawan Menak Agung | tan kawarna sira ki patih | ingkang bêdhah nêgara | angrèh para ratu | sagunge ingkang nêgara | dipun bêdhah mring Jayaasmara Patih | dadi kinanthi nata ||
50. Kinanthi
1. gêntia ingkang winuwus | sinigêk lampahe singgih | Ki Patih Jayaasmara | kang lagya bêdhah nêgari | ing mangke ingkang kocapa | kang lagya kawêlasasih ||
2. Radèn Kuda Marabangun | pan sarêng lampaherèki | lan Rêtna Căndrakirona | carita kinarya gênti | rêmuke ingkang baita | Dyan Panji katut ing angin ||
3. lawan kadangira têlu | Kêrtala Ponta Pêrmadi | tiba anèng têngah wona |
--- [f. 216r] ---
ing sajrone tanah Jawi | kadeyan tiga tan pisah | kêlawan Rahadèn Panji ||
4. Radèn Panji langkung bingung | kêlawan kadeyan katri | pan sami lali ing tanah | pêrnahe sawiji-wiji | sêmana raja pinutra | kêlangkung susah ing galih ||
5. tan ana kaciptèng kalbu | mung garwa Ni Sêkartaji | lan ari Dèwi Onêngan | tanbuh tibanira nênggih | datan ana ingkang warta | tanbuh mati lawan urip ||
6. kêkalih kang wulucumbu | sêmona Rahadèn Panji | ingadhêp para kadeyan | katiga prasamya nangis | Dyan Panji putêk ing driya | sêmona muja sêmèdi ||
7. nalikanira ing dalu | Dyan Panji muja sêmèdi | kadang tiga sami nendra | tan ana ingkang udani | anèng satêngahing wona | dènira
--- [f. 216v] ---
muja sêmèdi ||
8. kukusing dupa kumêlun | ngêningkên tyas Radèn Panji | kawêngku sagung jajahan | nanging sangêt angin nênggih | Sang Rêsi Kanekaputra | kang anjok sangking wiyati ||
9. Nêrada suka gumuyu | sarwi asru dènira ngling | adhuh putu putuningwang | kaki Kuda Wanèngpati | iya Kuda Rawisrêngga | kaki Inu Kartapati ||
10. wong barèk dhasar abagus | wong dhandhing wingwing jêlanthir | luwara dènira muja | lah putu pun eyang prapti | gègèr dewa Suralaya | gara-gara agung prapti ||
11. dewa akèh padha murus | ana ingkang mutah ngising | padha pinangan lêlara | kadhêmên lawan panastis | gègèr ing Jogringsêlaka | widadari kèh panastis ||
12. ana kang pinangan busung | encok dèngkèk klawan gudhig | ngêlu pilêk [pilê...]
--- [f. 217r] ---
[...k] watuk rumat | ana ingkang jêngking-jêngking | lumrah dewa mêmadatan | padha pinangan ing mêngi ||
13. eyangira lagi udut | candune bobot sadhuwit | nuli rinêbut ing dewa | ujare ginawe jampi | dhasar dewa pêtagihan | banjur murus andêlinding ||
14. lah mara matura putu | apa kang sinêdya ngati | gonira amuja brăngta | pun kaki ingkang jurungi | lah age sira matura | luwara muja sêmèdi ||
15. Radèn Panji sarêng ngrungu | kang asta winêdhar aglis | sigra dènnya atur sêmbah | angaras padane kalih | pukulun Yyang Pajongkara | kêmayangan tuwan prapti ||
16. milane ulun anêkung | saklangkung susah ing galih | ing mangke titah panduka | Sêkartaji ing Kadhiri | utawi Ragil Onêngan | Pêrsănta Jurudoh
--- [f. 217v] ---
singgih ||
17. kapisah kêlawan ulun | tanbuh mati lawan urip | kawula anuwun dêdah | nèng ngêndi pêrnahe singgih | Nêrada gumuyu latah | nora lidok ujar mami ||
18. aja maras sira putu | garwanira Sêkartaji | sakiki jumênêng nata | anong[42] ing nêgara Bali | pan lagi karsaning dewa | ing besuk iya pinanggih ||
19. yèn [yè...]
[Ilustrasi:] Yang Nêrada. Dupa. Panji.
[Redaksi: Batara Narada turun mendatangi Raden Panji yang sedang bersemedi.]
--- [f. 218r] ---
[...n] bêdhah nêgara Wangsul | arinira Ragilkuning | Jurudoh lawan Pêrsănta | anong nêgara ing Bali | wis padha mukti wibawa | wong têlu dadi pêpatih ||
20. sira narimaa putu | karsane dewa linuwih | sira sun salini aran | jênênga Jayadiluwih | lah putu sira ngèngèra | marang Ngurawan Sang Aji ||
21. dèn bisa anamur laku | ngakua Dhayak sirèki | ing besuk sira dinuta | ambêdhah nêgara Bali | pêsthi yèn katêmu sira | lan rabimu Sêkartaji ||
22. lah uwis sun pamit putu | Nêrada mêsat wiyati | rahadèn kari anggona | wayahe wus bangun enjing | kadang kadeyan têtiga | sêdaya wus sami tangi ||
23. prasami seba nèng ngayun | ngandika Rahadèn Panji | lah kakang Pêrmadi sira | ingsun paringi [pa...]
--- [f. 218v] ---
[...ringi] kêkasih | arana Jayasêntika | si kakang Punta ing mangkin ||
24. angaliha aranipun | Jayalêksana prayogi | dene si kakang Kêrtala | sun parabi Yudapati | manira angalih aran | pêparab Jayadiluwih ||
25. dèn bisa anamur laku | iya kakang awak mami | angaku putra ing Dhayak | lah payo suwita sami | marang prabu ing Ngurawan | sandika ature sami ||
26. sêmona wus budhal gupuh | sangking madyaning wanadri | lampahira wirandhungan | rahadèn tan manggih margi | anusup angayam alas | wus lêpas lampaherèki ||
27. sigêgên sang rajasunu | gêntia ingkang winarni | Sri Naranata Jênggala | saklangkung dènnya prihatin | dene amiyarsa warta | kang putra Rahadèn Panji ||
28. kèrêm anèng [a...]
--- [f. 219r] ---
[...nèng] têngah laut | tanbuh mati lawan urip | sang nata sampun utusan | putra kang sêpuh pribadi | Radèn Arya Brajanata | ingkang kinèn angulati ||
29. dhatêng Radèn Marabangun | nanging Radèn Wonagiri | tan arsa angulatana | pan lajêng ambêntur tapi | rahadèn wus mati raga | tapa anèng Ardi Wilis ||
30. wus ngalih jajulukipun | pêparabira sang pêkik | Ki Wasi Curiganata | tinarima dewa luwih | pan dadi saciptanira | waspada tingale sidik ||
31. sigêgên kang tapa gunung | kocapa sri narapati | Jênggala Dewakusuma | supe dhahar lawan guling | siyang dalu awuyungan | tansah dènnya brăngta kingkin ||
51. Asmaradana
1. Sang Prabu Jênggalamanik | pinarak anèng [a...]
--- [f. 219v] ---
[...nèng] pêndhapa | sakêlangkung sungkawane | ginubêl dhatêng kang putra | Radèn Selakêndhaga | siyang dalu tansah wuyung | sira Radèn Lêmpungkaras ||
2. mring rama anuwun pamit | ngulati ing kadangira | sira Radèn Panji Anom | apan ta sampun linilan | dhumatêng ingkang rama | sigra radèn nêmbah mundur | sangking ngarsane kang rama ||
3. sapraptanira ing jawi | Rahadèn Selakêndhaga | anamur laku karsane | ingiring punakawannya | kêkalih kathahira | andarung ing lampahipun | anêrajang wonawasa ||
4. minggah tumurun ing ardi | sumêngka ing jurang sêngkan | rahina wêngi lampahe | supe dhahar lawan nendra | Radèn Selakêndhaga | panêdhane ing dewa gung | muga ta tinuduhêna ||
5. ajar tuwin para rêsi | ing pêrnahe kadang ingwang | ya ta
--- [f. 220r] ---
gênti winiraos | ing Kêtdhiri Sri Nalendra | langkung singkêl kang manah | amiyarsa wartanipun | Sêkartaji wus palastra ||
6. nalika tinjo mring Kêling | kèrêm têngahing samodra | ingkang pawarta ujare | misuwur wartaning jaba | dadya wau sang nata | utusan mring putranipun | Rahadèn Wukirkusuma ||
7. amunggah dhatêng ing ardi | angulatana pandhita | ajar rêsi kang kinaot | ingkang sidik tingalira | kinèn anakokêna | pêjah lawan gêsangipun | rajaputra ing Jênggala ||
8. miwah Dèwi Sêkartaji | kinèn sami nakokêna | sigra lumampah ta mangko | lampahe datanpa bala | mung bane kalih ika | sêparan tan kêna kantun | lampahe amurang marga ||
9. tan kandhêk dènnya lumaris | rahadèn pan sampun [sa...]
--- [f. 220v] ---
[...mpun] lêpas | ya ta gênti winiraos | Sri Naranata Ngurawan | sineba magêlaran | kêlangkung prihatinipun | sang nata mila sungkawa ||
10. dene ta para dipati | bawah nêgri ing Ngurawan | kathah tan seba sang katong | prasami balik sêdaya | purun marang Ngurawan | angidhêp marang ing Wangsul | pramila langkung sungkawa ||
11. sang nata lagya tinangkil | kyana patih munggèng ngarsa | sang prabu ngandika alon | lah ta patih kaya ngapa | sakèh para dipatya | kang ngidhêp marang ing Wangsul | nora wurung mamungsuhan ||
12. lah paran dayanerèki | sapa kang ingadu yuda | kya patih atur sêmbahe | sumăngga karsa nalendra | èmêng tyase sang nata | èsmu kêkês sang aprabu | ya ta wau kawarnaa ||
13. Rahadèn Jayadiluwih | lawan kadeyan têtiga | prasami seba sang katong [ka...]
--- [f. 221r] ---
[...tong] | sila sor waringin kêmbar | sang nata duk tumingal | waspada tingal sang prabu | lamun dede wong Ngurawan ||
14. sang nata ngandika aris | lah patih sira priksaa | lah ika ana wong pepe | nèng ngisor waringin kêmbar | wong ngêndi ika baya | lawan apa sêdyanipun | kyana patih atur sêmbah ||
15. wus lèngsèr sangking ing ngarsi | prapta sor waringin kêmbar | wus panggih lawan rahadèn | kya patih alon angucap | radèn tigas kawuryan | ingutus dhatêng sang prabu | ing wingking pundi pinăngka ||
16. lawan kang sinêdya ngarsi | sintên ta ingkang pêparab | rahadèn alon ature | kawula putra lêlona | anênggih alit mila | arsa suwita sang prabu | Sri Naranata Ngurawan ||
17. awêsta Jayadiluwih | dene ta ingkang [ing...]
--- [f. 221v] ---
[...kang] têtiga | punika pan kancaningong | pan sami arsa suwita | dhatêng sri naranata | dene ta kêkasihipun | wêsta pun Jayasêntika ||
18. kang satunggil Yudapati | satunggal Jayalêksana | arsa suwita yèn kangge | ki patih suka ing driya | sigra marêk sang nata | wus prapta ngarsa sang prabu | kyana patih atur sêmbah ||
19. wus katur sapolahnèki | sapolahira dinuta | sang nata ngandika alon | lah ta patih timbalana | marang ing ngarsaningwang | ya ta tinimbalan gupuh | tan adangu nulya prapta ||
20. rahadèn pan sampun prapti | munggèng ngarsane sang nata | lir konjêm siti mukane | sang nata sarêng tumingal | langkung rêsêp ing driya | sang nata ngandika arum | hèh kulup sira bagea ||
21. lah apa sêdyanerèki | rahadèn [rahadè...]
--- [f. 222r] ---
[...n] sigra tur sêmbah | lir madu juruh ature | timbalan dalêm sang nata | dahat kalingga murda | kacancang pucuking rambut | kapêtak wontên mustaka ||
22. dadosa jimat paripih | mêwahana kayuwanan | timbalan dalêm sang katong | andangu priyăngga kula | sangking nêgari Dhayak | badhe suwita sang prabu | mênawi sang nata arsa ||
23. sang nata ngandika aris | abangêt tarimaningwang | sira ngawula maringong | nanging ta kawruhanira | ing mêngko awak ingwang | bangêt kasusahan ingsun | marga sagung pra dipatya ||
24. sakiki padha ambalik | têluk mring Bali nêgara | tan arsa ngidhêp maringong | lah sira apa sanggupa | nglurugi pra dipatya | rahadèn alon umatur | yèn wontên idin sang nata ||
25. pan sampun tumêkèng [tu...]
--- [f. 222v] ---
[...mêkèng] sakit | sênadyan tumêkèng pêjah | kawula kang nêlukake | sagunge para dipatya | sang nata amiyarsa | sakêlangkung bungahipun | sang nata nulya ngandika ||
26. hèh wruhanira ta patih | sakiki putra ing Dhayak | pan ingsun junjung linggihe | lawan sun paringi noma | angrèh para punggawa | iya arana Tumênggung | Kêlona [Kêlo...]
[Ilustrasi:] Prabu Ngurawan, inya. Panji. Sinjanglaga.
[Redaksi: Prabu Ngurawan diapit para emban, Raden Panji dan Sinjalaga datang menghadap.]
--- [f. 223r] ---
[...na] Jayakusuma ||
27. misuwur wong sanêgari | kêlamun putra ing Dhayak | kêparingan noma mangke | Tumênggung Jayakusuma | angrèh sagung punggawa | pinutra-putra andanu | dhumatêng sri naranata ||
28. adangu dènnya tinangkil | sang nata jêngkar sineba | sampun malêbêt kêtdhaton | warnanên rêkyana patya | lawan putra ing Dhayak | kang mêntas jinunjung
[Ilustrasi:] Pêrmadi. Punta. Kartala. Patih.
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Permadi, Punta, Kartala lan patih juga sedang menghadap Prabu Ngurawan.]
--- [f. 223v] ---
lungguh | nulya pinêrnah mring patya ||
29. sinung padalêman singgih | nênggih anèng tumênggungan | wus misuwur pawartane | Kêlona Jayakusuma | ingkang sanggup nêlukna | angêlar jajahanipun | nênggih nêgari Ngurawan ||
30. inggih ta ingambil siwi | marang prabu ing Ngurawan | sang nata kêlangkung sihe | sinung wênang ngrèhkên wadya | anênggih wadya Ngurawan |[43] sinung kuwasa sang bagus | mêngkana ingkang winarna ||
31. wau sira Ki Dipati | Kêlona Jayakusuma | pinarak anèng dalême | mêngkana kadang têtiga | sami sinungan lênggah | Ki Jayasêntika wau | jinunjung lênggahe răngga ||
32. Ki Punta jinunjung linggih | sinung lungguh kadêmangan | dadya ing mangke arane | Ki Dêmang Jayalêksana | dene ta Ki Kêrtala | angabèi lungguhipun [lungguh...]
--- [f. 224r] ---
[...ipun] | Yudapati lungguhira ||
33. milane sri narapati | kêlangkung ayêm ing driya | angrasa kukuh prajane | dene wus duwe punggawa | bagus mêksih taruna | sêmune prawirèng kewuh | jatmika antêng pêsaja ||
34. pantês yèn prawirèng jurit | wadyabala ing Ngurawan | prasami suka manahe | tan ana ingkang sumêlang | tuhu Jayakusuma | sêmune prajurit punjul | pêrbawane wus kêtara ||
35. sigêgên kang sampun mukti | Kêlona Jayakusuma | anèng Ngurawan sang anom | dadi kêmbange nêgara | antuk sihe nalendra | anênggih radèn tumênggung | yèn aprang tan nolih wuntat ||
52. Pangkur
1. mêngkana ing lampahira | sira wau rajaputra Kêtdhiri | sira Radèn Wukirsantun |
--- [f. 224v] ---
anjujuk ing Ngurawan | milanipun sira Radèn Wukirsantun | anjujuk nêgri Ngurawan | dene amiyarsa warti ||
2. lamun nêgri ing Ngurawan | kala mangko wontên prajurit luwih | awêsta radèn tumênggung | abagus tur prawira | mila radèn ciptane pan arsa wêruh | satriya ingkang prawira | kang sampun jinunjung linggih ||
3. Rahadèn Wukirkusuma | pan anjujuk tumênggungan ta singgih | Ukirkusuma sang bagus | panggih lan ki dipatya | anungkêmi ing pada sarwi amuwun | Tumênggung Jayakusuma | wuwuse arum amanis ||
4. hèh satriya ngêndi sira | prapta ngarsa sumungkêm bari nangis | lawan ta sapa aranmu | payo sira matura | ya ta matur sira Radèn Wukirsantun | pangeran atur kawula | wêsta Radèn Wukirsari ||
5. kawula putra ing Daha | milanipun [mi...]
--- [f. 225r] ---
[...lanipun] kula tilar nêgari | angulari kadang ulun | kakang Căndrakirona | duk kesahe inggih lawan lakinipun | rajaputra ing Jênggala | atinjo dhumatêng Kêling ||
6. inggih ujare pawarta | kakang êmbok kèrêm têngah jêladri | kuwarta[44] yèn sampun lampus | anèng têngah sêmodra | gih punika pangeran kang kula luru | ujare ingkang supêna | kawula kinèn angabdi ||
7. dhatêng panduka pangeran | marginipun benjing kawula panggih | inggih lawan kadang ulun | kangbok Căndrakirona | mila kula arsa angabdi sang bagus | pangeran dhatêng panduka | pan tumut sabaya pati ||
8. Tumênggung Jayakusuma | ya ta mèsêm sarwi ngandika aris | iya radèn wong abagus | bangêt tarimaningwang | lamun sira angawula marang ingsun | iya radèn lamun [la...]
--- [f. 225v] ---
[...mun] sira | sumêdya andona pati ||
9. mêngkana ingkang winarna | sira Radèn Lêmpungkaras ngulati | Rajaputra Marabangun | Rahadèn Carangwaspa | munggah mudhun sumêngka marang ing gunung | sagung ajar tinakonan | tan ana bisa ngarani ||
10. tanbuh pêjah lawan gêsang | nanging sinung tuduh Rahadèn Panji | kinèn angawula iku | Klana Jayakusuma | mila Radèn Ngurawan sinêdya kayun | wus lêpas ing lampahira | Radèn Lêmpungkaras singgih ||
11. lajêng dhatêng ing Ngurawan | pan anjujuk lampahira apanggih | dalême radèn tumênggung | Rahadèn Carangwaspa | lajêng malbèng pêndhapa wau sang bagus | Kêlona Jayakusuma | pan nuju lênggah pêndhapi ||
12. nênggih Radèn Carangwaspa | sarêng prapta radèn lajêng nungkêmi | karuna asênggruk-sênggruk [asêng...]
--- [f. 226r] ---
[...gruk-sênggruk] | Tumênggung Jayakusuma |[45] angandika arum manis ki tumênggung | satriya ing ngêndi sira | praptanira banjur nangis ||
13. iku apa karanira | Panji Anom alon umatur aris | milane kawula muwun | inggih kula tumingal | dhatêng tuwan warna panduka sang bagus | amèmpêr kanjêng pangeran | Panji Inu Kartapati ||
[Ilustrasi:] Kartala. Lêmpungkaras. Pêrmadi. Panji. Punta.
[Redaksi: Ketika Kartala, Permadi dan Punta sedang menghadap Raden Panji, tiba-tiba Lempungkaras datang.]
--- [f. 226v] ---
14. Tumênggung Jayakusuma | ya ta mèsêm sarwi ngandika aris | dene bêja awak ingsun | mèmpêr putra Jênggala | awak isun iya radèn ingsun tutur | satriya têka ing Dhayak | Panji Anom matur aris ||
15. kawula arsa ngawula | mring panduka dhuh gusti sang apêkik | ngandika lon ki tumênggung | bangêt tarimaningwang | angandika wau sira ki tumênggung | lah sira sun wèhi aran | Astramiruda prayogi ||
16. dene Radèn Wukirsêkar | sun parabi Astrawijaya nênggih | mêngkana wau winuwus | Radèn Jayakusuma | sigra dandan arsa angêlara wau | jajahan nêgri Ngurawan | bopati kang băngga sami ||
17. Tumênggung Jayakusuma | ingkang arsa anêlukakên singgih | mêngkana radèn tumênggung | jêngkar sabalanira | datan kari kadang kadeyan sêdarum [sê...]
--- [f. 227r] ---
[...darum] | ambêta sikêping yuda | sagung kang para dipati ||
18. ingkang sami linurugan | apan sami nungkul para dipati | Ponaraga lan Mêdiun | sêdaya wus kancikan | ya ta wau gêntia ingkang winuwus | pan nêgari ing Cêmara | miyarsa yèn mêngsah prapti ||
19. ya ta wau sri nalendra | angandika marang rêkyana patih | bapa lah paran budimu | prakara mungsuh prapta | sangking nêgri Ngurawan radèn tumênggung | abagus dhasar prawira | sinêkti bagus linuwih ||
20. kathah nêgara kang bêdhah | para nata akèh nungkul prasami | marang rahadèn tumênggung | tan ana ingkang băngga | pan sêdaya bopati kathah kang têluk | prasamya nungkul sêdaya | sêkathahe para aji ||
21. kêlangkung sangking kuwasa | sri nalendra wau ngandika
--- [f. 227v] ---
aris | lah bapa paran rêmbukmu | ki patih aturira | dhuh sang nata pukulun gusti sang prabu | pan inggih atur kawula | luhung anungkula aris ||
22. angemana wadyabala | inggih sintên tiyang Cêmara gusti | datan wande rêmak rêmpu | ya ta Prabu Cêmara | sarêng wau miyarsa ing aturipun | anênggih rêkyana patya | sang nata lêjar kang galih ||
23. wêkasan alon ngandika | yèn mêngkono lah sira bapa patih | lumakua ingsun utus | bapa sira sebaa | mring tumênggung aturna panungkul ingsun | ingkang sarta aturana | pinarak ing nêgri mami ||
24. manira atur pawongan | pan sandika ature kyana patih | wus lèngsèr sing ngarsa prabu | lan Arya Wijatmaka | lumakua sebaa radèn tumênggung | gawaa
--- [f. 228r] ---
wong kawan dasa | radèn sigra awotsari ||
25. sigêgên kang kawarnaa | kang kocapa wau ki adipati | punika ingkang winuwus | kang baris jawi kitha | têpis wiring nêgara Cêmara iku | Tumênggung Jayakusuma | wau ta ingkang winarni ||
26. sira wau ki dipatya | mila datan arsa mangsah tumuli | anganti ing mungsuhipun | dènira magut yuda | Sri Nalendra Cêmara tan arsa mêtu | sagunge kadang kadeyan | matur dhatêng ki dipati ||
27. suwawi nuntên umangsah | dhuh pangeran punapa inganti malih |[46] lah dawêk gusti ginêmpur | nêgari ing Cêmara | lagya eca gunêman radèn tumênggung | kêlawan kadang kadeyan | kêsaru gègèr ing jawi ||
28. praptane rêkyana patya | lawan sira Arya Wijatmakèki | utusanira
--- [f. 228v] ---
sang prabu | Dyan Arya Wijatmaka | ki tumênggung awas dènira andulu | alon dènira ngandika | pan sarwi angusap wèni ||
53. Sinom
1. kang Răngga Jayasêntika | lan Ngabèi Yudapati | lan Dêmang Jayalêksana | padha mêtua ing jawi | sira priksaa sami | apa ika ingkang rawuh | ya ta kadang têtiga | manêmbah mêdal ing jawi | sampun panggih lawan patih ing Cêmara ||
2. Ki Răngga Jayasêntika | sigra angandika aris | kisanak manira tanya | andika wong agung pundi | matur rêkyana patih | inggih kawula sang bagus | pêpatih ing Cêmara | lawan putrane sang aji | ing Cêmara wêsta Radèn Wijatmaka ||
3. milane kawula prapta | arsa sowan ki dipati | ingutus dhatêng sang nata |
--- [f. 229r] ---
atur panungkule nênggih | lawan ki adipati | ingaturan ing sang prabu | manjing dhatêng nêgara | lawan sawadyanerèki | sri nalendra arsa ngaturi pawongan ||
4. Ki Răngga Jayasêntika | sêkala sarêng miyarsi | marang ujare ki patya | marwata suta kang galih | ya ta ngandika aris | kisanak andika kantun | anèng ngriki kiwala | kula matur kanjêng gusti | ya ta marêk Ki Răngga Jayasêntika ||
5. prapta ngarsane dipatya | Ki Răngga umatur aris | adhuh gusti kula radyan | punika kang lagi prapti | putra lawan pêpatih | ing Cêmara Sang Aprabu | arsa marêk panduka | ngaturkên panungkulnèki | angandika Tumênggung Jayakusuma ||
6. kang Răngga Jayasêntika | sira timbalana aglis | dutane rajèng Cêmara | sira timbalana [timba...]
--- [f. 229v] ---
[...lana] aglis | tan dangu nulya prapti | ngarsane radèn tumênggung | kalih sarêng tur sêmbah | ngaras pada atur bêkti | kyana patih matur dhatêng ki dipatya ||
7. dhuh anggèr lampah kawula | ingutus dhatêng sang aji | sri bopati ing Cêmara | ngaturakên pangaksami | dene kang kaping kalih | ngaturakên kang panungkul | gusti kang kaping tiga | panduka dipun [di...]
[Ilustrasi:] Mantri Cêmara.
--- [f. 230r] ---
[...pun] aturi | pinaraka dhumatêng nêgri Cêmara ||
8. lawan wadyabala radyan | makuwona jro nêgari | sang prabu atur pawongan | dhumatêng panduka gusti | inggih putrane aji | katura radèn tumênggung | sumêdya anjuru dang | amawongan ing sang pêkik | duk miyarsa Tumênggung Jayakusuma ||
9. alon dènira ngandika | syara rum lir madu gêndhis | hèh
[Ilustrasi:] Patih. Jayakusuma.
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Mantri Cemara beserta patih sedang menghadap Tumenggung Jayakusuma.]
--- [f. 230v] ---
sira Patih Cêmara | abangêt tarima mami | iya prasêtyanèki | ing Cêmara Sang Aprabu | Tumênggung Jayakusuma |[47] parentah kadeyanèki | undhangana manira pan arsa budhal ||
10. Ki Răngga Jayasêntika | sandika ature singgih | sigra wau aparentah | tan adangu wus miranti | sigra ki adipati | wus budhal sawadyanipun | umyang syaraning bala | datan kawarna ing margi | lampahira wus prapta nêgri Cêmara ||
11. wus panggih natèng Cêmara | sigra ingaturan aglis | malêbêt sajroning pura | lawan sakadeyannèki | ya ta wau sang aji | ngaturakên putranipun | wanodya yu utoma | pêrsaja sapolahnèki | apêparab Rêtna Dèwi Surèngrona ||
12. Tumênggung Jayakusuma | asangêt tarimanèki | ing pasihan sri nalendra |
--- [f. 231r] ---
ing dalu dhaharan sami | lawan kadeyannèki | mêngkana radèn tumênggung | sigra wau parentah | marang ingkang rayi kalih | nênggih sira Ki Dêmang Sastrawijaya ||
13. ingutus kinèn tumindak | marang nêgari Pêtani | sêmona wus lumêksana | prapta nêgari Pêtani | sira wau sang pêkik | pan lajêng ingambil mantu | kêlawan sri nalendra | pan angsal putrane èstri | putri adi warnane ayu utoma ||
14. Dèwi Bintaro kang noma | apan ta sampun kêpanggih | pan lajêng binêkta sigra | sang rêtna marang sang pêkik | marang Cêmara singgih | aseba radèn tumênggung | Ki Dêmang Sastrawijaya |[48] ingutus ki adipati | abêdhaha marang nêgara ing Tuban ||
15. Ki Dêmang Astrawijaya | pan sampun tumindak aglis | nêgara Tuban [Tuba...]
--- [f. 231v] ---
[...n] wus bêdhah | binoyong putrane èstri | sagung para dipati | kang sami têluk mring Wangsul | sampun têluk sêdaya | dhumatêng ki adipati | sami seba dhumatêng nêgri Cêmara ||
16. Kêlona Jayakusuma | sigra aparentah aglis | mring Răngga Jayasêntika | kinèn sami marentahi | sagung kang wadya sami | kêlamun radèn tumênggung | arsa kundur Ngurawan | sigra aparentah aglis | wus sêtdhiya sagung ingkang wadyabala ||
17. tan antara sigra budhal | sira wau ki dipati | sangking nêgari Cêmara | lan sagung sawadyanèki | asri lampahe baris | para têlukan sêdarum | ngiring ki adipatya | lawan sagung para putri | lampahira kapungkur nêgri Cêmara ||
--- [f. 232r] ---
54. Pangkur
1. samarga dadi tontonan | ki dipati lampahe anèng margi | tan têbih lawan sang ayu | kusuma ing Cêmara | ginarêbêk sêkathahe wadya agung | lawan Arya Wijatmaka | apan nora kêna têbih ||
2. datan kawarna sêmana | lampahira wau ki adipati | mangkana ingkang winuwus | sang nata ing Ngurawan | enjing miyos siniwaka sang aprabu | Ki Patih Jayakacêmba | munggèng ngarsane sang aji ||
3. sang nata alon ngandika | kakang patih dene ta wus alami | putraningsun ki tumênggung | gone abăndayuda | kayaparan ing jaba pawartanipun | Ki Patih Jayakacêmba | matur sarya awotsari ||
4. pukulun atur kawula | putra dalêm inggih ki adipati | dènira andon anglurug [ang...]
--- [f. 232v] ---
[...lurug] | gusti ujaring warta | pan akathah nêgari kang sampun têluk | sagunge kang para nata | apan sami atur putri ||
5. eca timbalan wêtcona | pan kêsaru wau gègèr ing jawi | prajurit Ngurawan kumpul | lawan sabalanira | wong Ngurawan ing jaba apan gumuruh | Tumênggung Jayakusuma | tumurun sangking turanggi ||
6. lajêng marak ing sang nata | pra kadeyan katiga datan kari | prapta ngarsane sang prabu | sira ki adipatya | ya ta mêndhak apan sarwi awotsantun | sang aprabu ing Ngurawan | wuwuse arum amanis ||
7. lah radèn sira lungguha | dèn aparêk radèn ing ngarsa mami | putraningsun ki tumênggung | lah radèn kaya ngapa | lakunira angaluruk aprang
--- [f. 233r] ---
pupuh | sira angêlar jajahan | sagunge para dipati ||
8. kang băngga ing ngarsaningwang | apa silih padha têluk mring mami | ya ta matur ki tumênggung | sangking pangèstu tuwan | sêkathahe para nata sami nungkul | datan kêlawan ayuda | malah sami atur putri ||
9. punika inggih katura | sêkathahe boyongan para
[Ilustrasi:] Prabu Ngurawan, para inya. Jayakusuma. Patih.
[Redaksi: Prabu Ngurawan diapit para emban, Tumenggung Jayakusuma dan Patih Jayakacêmba datang menghadap.]
--- [f. 233v] ---
putri | miwah panungkuling ratu | katura ing sang nata | Sang Aprabu Ngurawan alon amuwus | adhuh radèn putraningwang | sokur bage anak mami ||
10. sagunge kang para nata | lamun padha têluk marang ing mami | dene ta panungkulipun | para putri sêdaya | pêkênira kaki kang duwèni iku | padha karyanen pawongan | sêkathahe para putri ||
11. mêngkana kya adipatya | apan sampun kapracaya sang aji | dene katon karyanipun | sagunge para nata | sami têluk marang Ngurawan Sang Prabu | Tumênggung Jayakusuma | sangêt trisnane sang aji ||
12. ya ta Sang Prabu Ngurawan | karsanira wau ki adipati | pan arsa ingambil mantu | pinanggihakên sira | lawan putri kusuma [kusu...]
--- [f. 234r] ---
[...ma] sêkar kêtdhatun | Ni Dèwi Kumudaningrat | ayune tan ana tandhing ||
13. sang nata alon ngandika | marang sira wau sang adipati | putraningsun ki tumênggung | kari siji dhuh nyawa | iya ingkang adadi kalilip ingsun | sira prayogane nyawa | kang nguthik kalilip mami ||
14. nêgari Bali punika | duk kariyin pan nora kaya iki | nora wurung dadi mungsuh | apan tandhane ana | sêkathah bawah Ngurawan rinangkus |[49] bang wetan karèh sêdaya | sagunge kang para mantri ||
15. lah paran ta budinira | apa sira sanggup bêdhah ing Bali | ya ta matur ki tumênggung | pukulun sri nalendra | lamun angsal pangèstu dalêm pukulun | sênadyan dhatênga pêjah | kawula datan gumingsir ||
16. nglampahi karsa nalendra | putra dalêm inggih ki adipati [adipa...]
--- [f. 234v] ---
[...ti] | sampun siyang nadyan dalu | kawula tan lênggona | lamun wontên pangèstu dalêm sang prabu | mugi angsala supangat | pukulun kawula pundhi ||
17. ya ta Sang Prabu Ngurawan | duk miyarsa ature ki dipati | langkung lêga galihipun | dene ki adipatya | sanggup purun ambêdhah nêgara Wangsul | sri nalendra ing Ngurawan | kêlangkung trustha ing galih ||
18. cinatur kala sêmona | Sri Nalendra Prabu Ngurawan singgih | tansah kasukan sang prabu | lawan para punggawa | atanapi sira wau ki tumênggung | sabubarira kasukan | sang nata manjing ing puri ||
19. bubar kang para punggawa | Ki Tumêngung Jayakusuma adi | kondur marang dalêmipun | sagung para kadeyan | sami ngiring marang sira [si...]
--- [f. 235r] ---
[...ra] ki tumênggung | wus prapta ing tumênggungan | sira wau ki dipati ||
20. lajêng anabuh gamêlan | sakêlangkung radèn eca kang galih | dene angsal putri ayu | kusuma ing Cêmara | gih punika kang dadi panglipur wuyung | trisna Dèwi Surèngrona | ayu anom tur rêspati ||
Gugung 235 kêbèt.
235.
1 | Sokarêja. (kembali) |
2 | Kêdhiri (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | padêmine. (kembali) |
4 | Pada pupuh Gambuh ini guru wilangan untuk gatra ke-1 dan ke-2 berbeda dengan aturan tembang macapat umumnya. Gatra ke-1 yang biasanya 7u menjadi 8u, dan gatra ke-2 yang biasanya 10u menjadi 8u. Variasi-variasi ini tidak dicatat sebagai catatan kaki. (kembali) |
5 | sagung. (kembali) |
6 | sokur. (kembali) |
7 | Inu. (kembali) |
8 | pinenta. (kembali) |
9 | bagus. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: dhatêng putra ta sang bagus. (kembali) |
11 | ingiring. (kembali) |
12 | winurcita. (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: anèng nêgari Daha. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: lawan putra dene sampun apanggih. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: gêlung pudhak satêgal. (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata: pan alantaran yuda. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata: kêrbèn bungah tiningwang. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: sangu rakok blandaran. (kembali) |
19 | jêjongkongan. (kembali) |
20 | pleredan. (kembali) |
21 | sêdangune (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: sangêt pingin kawula kêpati. (kembali) |
23 | wode (dan di tempat lain). (kembali) |
24 | amêda. (kembali) |
25 | Lebih satu suku kata: kêndhang cangkêm gong cangkêm gambang nênggih. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: labêt mangkêl wêtêngnya. (kembali) |
27 | pangêdêne. (kembali) |
28 | Rêsi. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: Yyang Nêrada wêtcananira manis. (kembali) |
30 | kakung. (kembali) |
31 | Rahadèn. (kembali) |
32 | Lebih satu suku kata: Bêtthara Bayu lingnya. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: kêkandêlaning kêkulit. (kembali) |
34 | pêthala. (kembali) |
35 | dhodhok. (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata: wong Bali măngsa wruha. (kembali) |
37 | kodhok (dan di tempat lain). (kembali) |
38 | kathumuk. (kembali) |
39 | siladan. (kembali) |
40 | Lebih satu suku kata: gumuyu mbata rêbah. (kembali) |
41 | laladan. (kembali) |
42 | anèng (dan di tempat lain). (kembali) |
43 | Lebih satu suku kata: nênggih wadya Ngurawan. (kembali) |
44 | kawarta. (kembali) |
45 | Lebih satu suku kata: Tumgung Jayakusuma. (kembali) |
46 | Lebih satu suku kata: dhuh pangeran napa inganti malih. (kembali) |
47 | Lebih satu suku kata: Tumgung Jayakusuma. (kembali) |
48 | Lebih satu suku kata: Dêmang Sastrawijaya. (kembali) |
49 | Kurang satu suku kata: sêkathahe bawah Ngurawan rinangkus. (kembali) |