Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12)

Judul
Sambungan
1. Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 13–26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 14-08-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Panji Jayakusuma

--- [f. 2v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 1 dari 121

Punika sêrat kagunganipun Nyonyah Sakèbêr ing panêgari Surapringga.

1. Asmaradona

1. tatkalane duk tinulis | ing ditên[1] Ngahad punika | tanggal ping sanga likure | anuju Bêsar sasinya | taun Alip kawarna | zaman sèwu pitung atus | lan satunggal ku zamannya |[2]|

2. wontên purwaning panglupi[3] | tumrap nèng jro Sastra Jawa | dèn sami miarsa mangko | pan carita jan utama | natèng Kêling nêgara [nêga...]

--- [f. 3r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 2 dari 121

[...ra] | ratu sakti maha punjul | kinasihan ing dewanya ||

3. tan ana ingkang madhingi[4] | kadi ing Kêling nêgara | miwah ratu liyan mangko | kadya nata ing amănca | ratu sèwunêgara | tan antuk kadi sang prabu | sang natèng Kêling nêgara ||

4. tan angsal kadi ing Kêling | nêgari asri kawuryan | nadyan nagri ingkang gêdhe | sangingsoring langit sapta | sanginggile buwana | kagêbêg ing gunung agung | măngsa angsala têtiga ||

5. nêgari pasir awukir |

--- [f. 3v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 3 dari 121

katawangan ingkang surya | kêlawan căndra kalihe | nagri dibya tur agêmah | arame awurahan | loh jinawi kêrta lulus | datan ana ingkang madha ||

6. lire nagri pasir wukir | angukurakên[5] ing arga | angajêng nêgarèng gêdhe | nagri loh kapiring rawa | tur cinawi nêgara | anêngênakên kang gunung | nênggih ing Kêling nêgara ||

7. têgal pêgagan aradin | kêlawan sabin awiyar | kêbo sapi menda akèh | lire panjang jêmbar kutha | ngandar pasar gêng muwah | saturute margi agung | akèh mêmarung pawongan ||

8. nagri punjul gêmah kitri | akèh kang punang pawongan | murah sandhang lan pangane | atulus kang têtanduran | nêgari sari awiyar |[6] padha gêmah ingkang dhusun | sumuking nêgarèng rêja ||

9. milane kang natèng Kêling | pan kinarya lêlampahan | dening ratu dibya kaot | dhinging[7] jênênge nalendra | jiwane kang ingemba | kang pinindha dewa nurun | iya Yang Wesnu ing Kendran ||

10. kala jênênge nêrpati | amêngku taru kêdhaton |[8] micis wutah sêsinome | wèni wilis mêmêk atap | yèn angure kang rema | anglir mega awrat jawuh | sang kusuma yu kajiman ||

11. roning imba ingkang alis | anglir prasupati tinon | mangêlung wiyat panajême |[9] larapan nila

--- [f. 4r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 4 dari 121

cêndhana | kêtêbe pathis atap | yèn sinawang kadi mêdhung[10] | tejanipun kadi kilat ||

12. pangaras durèn sajuring | kadi binêsèt kang iga | lunging gadhung panênggêke | nrang gandhewa kang sarira | panuding ngêri maja | yèn dinulu angêrayung | sing tumingal akêgiwang ||

13. kênaka lir intên wilis | ingkang asung lara brăngta | bau wijang lurus mangko | lambunge wilis ajênar | pêbayun[11] lir nyudênta | cangkingane[12] mêmbat-mêmbut | kadi putung yèn jinawat ||

14. mas kêmurêp wangkong nitis | apan baya wis kawênèh | durung nêmu ing titahe | sima ngêlih ingkang lampah | gandrung-gandrung sung brăngta | sing tumingal padha mangu | dhatêng ni dèwi kusuma ||

15. yèn siyaga ta sang putri | Sang Rêtna Kêling nêgara | amusna basa kang uwong | Ni Supraba panusmanya[13] | sakèh para biyada | balewarti balemangu | patut dadi cèthi ngarsa ||

16. asinjang garingsing ringgit | kasêmêkan jiga[14] renda | tur kinonang tatêpine | gêlung malang kêbêk sêkar | gambir mênur cêmpaka | sambatipun ingkang dulu | wurung mati sida edan ||

17. yèn sare naga kapulir | milêt kampuh rimong jingga | mimba sang dyah wêdanane | kasênênan punang padam[15] | mêrapit kèri kanan | yèn sinawang

--- [f. 4v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 5 dari 121

lir sitangsu | ujyala andaru memba ||

18. mila kasusrah[16] sabumi | ayune aluwih endah | angămbra katarsa kabèh | tanah sabrang nusa Jawa | yèn putri luwih endah | sakarsanira ingugung | dhatêng rama prabuningrat ||

19. sapira lamining mangkin | jênênge sang prabu katong | pan ing Kêling nêgarane | tan mawi gigrik saêlas | langkung karta nêgara | ing sabrang pan samya têluk | padha asrah jangganira ||

20. nanging mangkin lagi sêdhih | sri nalendra kang kêkepon | nagri Kêling kacature | lagi mangke bumi rêngka | ing alun Kêling nêgara |[17] katurunan tunggulwulung | aciri wênara pêthak ||

21. mila dadi tangon[18] nênggih | nalendra langkung kèmêngan | tan abah[19] dhinaut mangko | sang natèng kêlangkung kewran | sirna dasih sêdaya | sang nata wilangunipun | ing galih wuyung-wuyungan ||

22. antara gènnya prihatin | dèrèng miyos ta sang nata | lagya ngungkêp jro kêdhaton | dèrèng kenging sinewaka | awibuh ta sang nata | nênêdha maring Yang Agung | sêlagi amuja brăngta ||

23. wis muput tingal sang aji | dening arsa amiyosa | mimba ing pra punggawane | yun lumrah sabda sang nata | Nalendra [Nale...]

--- [f. 5r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 6 dari 121

[...ndra] Kêling nêgara |[20] anuding mring punggawa gung | arsa ajênêng sang nata ||

24. mangkana sri narapati | apan arsa mimba katong | siniwi wadyabalane | sang nata ngrasuk busana | kunang pacekanira | busanane ta sang prabu | tiningalan murup muncar ||

25. kaya tur rinaja putri | titi krawistha sang katong | rinaja intên angêne | ajamang mas mangkutha |[21] asuping[22] thathit pêthak | asri kawuryan dinulu | muksa dewadaru niba ||

26. sang aji angagêm malih | grudha mungkur pinatikan | intên rêtna sêsutyane | tiningalan murup muncar | mawi grudha marêp ikang[23] |[24] tutupipun ingkang gêlung | raja singa adi mulya ||

27. wajanipun ta sang aji | cinucukan cuti brama | sang sêsuping mas kinaot | rinujit ing surapatya | arimbe tibèng jaja | asêsêkang[25] kumala rum | pinatikan intên pêthak ||

28. panungguling intên bumi | agêgêlang găngsa muncar | kêlatbau naga lakèn | amulêt-mulêt sarira | alulur-lulur jiwa | abêbadhong abra murup | pinatikan nawa rêtna ||

29. kêbo mênggah mas kinardi | sinawuran intên mirah |

--- [f. 5v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 7 dari 121

apapêlok jumantêne | angênguwung kang ujala | sinawang muncar-muncar | arja kampuhipun gadhung | tinarètès ing mas muncar ||

30. akris landheyan rinukmi | apaningsêt candhe[26] kêmbang | rinenda ing papinggire | salaminira sri nata | siniwakèng ing bala | tan rasuk busana agung | amung ing măngsa punika ||

31. amung mangke sang nrêpati | ing Kêling măndra nêgara | miyos sineba dasihe | ngrasuk kaprabon busana | gènnya anamur ing tiyas |[27] dene sêdhihe kêlangkung | kêtarèng ing naya gatra ||

32. nalendra pratamèng sandi | sampun mêgati kang sêmon | mimba ing

[Ilustrasi]
[Redaksi: Raja Keling sedang duduk di singgasana dikelilingi para emban.]

--- [f. 6r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 8 dari 121

jawi sang rajèng | ginarêbêk cèthi kathah | êmbanira sêdaya | sawiji tan ana kantun | samya ngiring ing sang nata ||

33. pingitan kang para sêlir | sêdaya padha rumajong[28] | kawan lajur bêdhayane | nanisihi kèri kanan | sang nata nir kang jama[29] | lamun tinon ta sang prabu | saking măndrawaya pelag ||

34. lir Bêthara Surapati | kumêdhap marang akathah | para manis ngiring kabèh | kunêng sang nata wus mêdal | sêkare ing jro pura | dhumatêng ing sitiluhur | sang nata apasang gêlar ||

35. pinarêk ing sang nêrpati | munggèng sinangsana endah | pêpêk kang pawonge kabèh | kêbêk sêsêk pasewakan | abdine măncanêgara |[30] dêmang ngabèi anungkul | arya tumênggung aseba ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, para punggawa mantri juga sedang menghadap Raja Keling.]

--- [f. 6v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 9 dari 121

36. pêcattăndha lan ngabèi | ăndhamangi[31] răngga gêlar | pasisir măncanêgarèng | panuping[32] panubak[33] anyar | tan kari wong sanambang | akêbêk sêsêk supênuh | sadaya sami siyaga ||

37. gêdhong lan sêntana tuwin | gandhèk mantri anom jajar | wong nyutra tanggung magange | dorapati jagabela | anambungi prangtandang | sinambungan ing wong mandhung | samya jajar anèng ngarsa ||

38. mêrtalulut rawangnèki[34] | ajajar singanêgara | papilihan padha andhèr | tanirgita[35] priyataka | wong nirbawa wong nirguna |[36] sumiwi kang wadya agung | tulya sang adi anglayang ||

39. sampun pranistha sang aji | mugèng[37] singasana kaot | kasur babut lêlèmèke | prangwêdani kang kinarya | ingayap kang pawongan | myang sêlir upacarèku | kadi tanu tiningalan ||

40. banyakdhalang sawunggaling | cèrèt kêlawan paidon | kêndhaga mas sakêndhine | pratola ingkang kinarya | mung napsuse[38] kewala | arêp rabi putri ayu | têmahan padha kakênthang ||

41. sangsaya alami-lami | sakèhe bupati mănca | têka padha tutur bae | satêngah anandhang lara | gêring kawan rumat |[39] minăngka kang tunggu

--- [f. 7r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 10 dari 121

tunggul | iya brakasakan kathah ||

42. satêngah ana kang mising | mila kathah tiyang pêjah | dadya mangke gêring gêdhe | nora sangsaya mêndhaa | manusya langkung kathah | brakasakan ingkang ngamuk | rasaksa amăngsa jalma ||

43. setan gundhul lawan cicir | padha angragohi[40] pantat | ana kang anarik êbol | nanging datan katingalan | milane padha kurda | dening tunggul yun dhinaut | wêkasane naga siksa ||

44. kang nagri saya awiwrin | tandhane yèn bumi rêngka | nalendra èmêng manahe | samun sêmune nêgara | dening katêkan salat | angêlayung kang alun-alun |[41] sinabêran[42] paksi dhangdhang ||

2. Dhandhanggula

1. kunêng bêbukanira kang tulis | dyan sinigêk gêlising carita | sang ratu sayêmbarane | nulya gênti winuwus | dhadhakane angilayoni | nênggih ing nusa Jawa | mangke kang cinatur | ing bumi Mêdhangkamulan | duk sêmana wontên sujalma atapi | angon ingkang sarira ||

2. ajêjuluk Buyut Dhangdhanggêndhis | dhukuhipun ing Samongkatingal | winangsulan caritane | dene ingkang angapus | tanah sabrang Kêling

--- [f. 7v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 11 dari 121

nêgari | kinarya dhadhak sêngkan | rèhêning nagri agung |[43] milane ujaring kăndha | bumi sabrang pinandhing lan nusa Jawi | kaya tan nora timbang ||

3. cinarita nusa Jawi alit | kang kailo nèng sajrone gambar | tur kasêbut tulisane | amung sagadhong[44] pantun | nusa Jawi yantine[45] alit | bena[46] ing tanah sabrang | jêmbare kêlangkung | milane pinurwèng kăndha | nagri Kêling ujare ingkang anulis | supados yèn lêrêsa ||

4. kang satêngah nagri nusa Jawi | kang kinarya purwane carita | arahdene mulya kang kèh | mênggah panêrkanipun | nora ngapa cinatur kari | kalane duk sêmana | kula dèrèng ngrungu | ing Jawa wontên nalendra | dadya purwa iku crita saking Kêling | mila sinêbut ngarsa ||

5. Ajisaka iku durung yakim | jumênênge ratu nusa Jawa | Ratu Baka apadene | sami warta tan sawur | dene sêpi dalil lan tulis | sarat jênênge nata | mila tampinipun | ing Jawa maksih asonya | wona agêng sujalma maksih sadhidhik | wikan lamon lêrêsa ||

6. kyai buyut agung mangun [mangu...]

--- [f. 8r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 12 dari 121

[...n] tèki | pan dhempoke ing Samakêtingal | sri-asri upacarane | sinawang lir kêdhatun | pacangkraman asri angrawit | korine tundha tiga | ginapura santun | raja sapi pagêr bata | amêlela latare sêrta aradin | sêkare bêbanjaran ||

7. jalma sêpuh lawan jalma mantri | agung liwat lan jabung payudan | lan sêkar amindha sore | lan sêkar waja jamus | lawan sêkar pangimun[47] warih | angkatan puspadênta | lawan sêkar buyut | kang sêkar èstri abela | săngga kasa lan sêkar pandhita radin | lan sêkar mangan ujar ||

8. pêkarangan tuwuhnya angrawit | pinaringging katon pêkarangan | pucang jajar ing têpine | sinêlan pandhan santun | cikal tata ngubêngi kawis | pandhan surat sinurat | pèrèng têlaga gung | toyanya wêning kawuryan | mina akèh badhèr bang lan badhèr putih | prasamya aliwêran ||

9. kacarita ing pêgagan asri | katanêman sakyèhing wowohan | sêdaya sami aradin |[48] sakyèhing wong adulu | samya nglangên ing warnane asri |[49] pêtapaning kang nata | baguse kêlangkung | ki buyut ingkang [ing...]

--- [f. 8v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 13 dari 121

[...kang] atapa | sampun bêntur wus lami gèning atapi | anèng ing dhempokira ||

10. ing pêtapan sêkare nèng ngarsi | winadhahan pêngaroning kêdhah | ajèjèr onèng[50] ngarsane | binaris pinggiripun | ing têlaga sami ngubêngi | toyanya wêning kawuryyan |[51] tiningalan mancur | mina kathah ing jro toya | aliwêran katingal saking ing nginggil | kadi burah ing samudra |[52]|

11. têgal gaga sarwa-sarwi wilis | pala pêndhêm lan pala kasimpar | pala lung-lung rumambate | jali lawan jawawut | ngiring-iring kinitir-kitir | kopi lan parijatha | bulak-bulak gandum | sinêlan pakis lan kurma | ayom asri tiningalan saking têbih | sanggaripun gumawang ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Kyai Buyut Dandanggendis sedang dihadap kelima putranya. Terlihat Kilisuci sedang berbincang-bicang dengan ayahnya mewakili adik-adiknya.]

--- [f. 9r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 14 dari 121

12. putranira Buyut Dhangdhanggêndhis | cinarita kathahipun lima | Rara Suci pêbayune | wanudya luwih ayu | nanging wahdat tan ayun krami | amung among sarira | asru gènnya nêngkung[53] | adhukuh Têgal Pucangan | Kilisuci adhêpe rina lan wêngi | amung ingkang ayoga ||

13. panênggêke jalu tur apêkik | ajêjuluk ya Dewakusuma | Lêmbu Miluhur namane | nulya ta arinipun | panêngahe ingkang kêkasih | ya Lêmbu Amijaya | warnane abagus | anulya arine pisan | Lêbu[54] Pêngarang warnanipun ta sinigit |[55] wuragile wanudya ||

14. ayu luwih pan dèrèng akrami | akêkasih Ragil Pêrgiwăngsa | duk sêmana sêjarahe | kalima ingkang sunu | ya ta kalih ingkang pawèstri | têtiga

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, dibelakangnya tampak Dewakusuma (Lembu Amiluhur), Lembu Amijaya, Lembu Pengarang dan Ragil Pergiwangsa.]

--- [f. 9v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 15 dari 121

ingkang priya | putrane sang wiku | agung sami agung brăngta | sru tapane ingkang dipun tèki-tèki | dasih jênêng kawula ||

15. panênggêke warnane asigit | kang pêparag[56] ya Dewakusuma | punjul mring saupamane | dhasar anom wilangkung | mangun tapa kang dèn gingsiri | dhempok Gunung Kamulyan | tinata apatut | ya sanès kang mangun tapa | saya wuwuh cahya gumilang nêlahi | sênêng padhange arka ||

16. ingkang mulya asri tulya ngrawit | pêrnahira kang amangun tapa | dèn pêpatia ragane | tan arsèng manjing puthut | yèn raina tan arsèng bukti | yèn dalu nora nendra | supayane bêntur | yèn panas angom ing arga | lamun adhêm asring akukum[57] ing warih | anganorakên ing raga |[58]|

17. lamun arsa yèn ngujuka[59] [ngu...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma gemar bertapa di gunung dan selalu ditemani kedua cantriknya, Jatipitutur dan Pituturjati.]

--- [f. 10r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 16 dari 121

[...juka] warih | apan nêsêp madune kang sêkar | sapisan pêndhak sasine | yèn arsèng dhahar sêkul | iya kunir kang dipun bukti | sairis dya sawulan | cahyane sumunu | minang sukma kang sarira | mati kartas pranata mindha sakalir | dadya minang jawata ||

18. kalihdene kawanesèng[60] brangti | pan kêkalih dadi kamituwa | amongmonga ing rahadèn | aran Jatipitutur | kalihipun Pituturjati | iya jatining dewa | kala purwanipun | surup ingkang adum titah | sabên-sabên kang among Ki Tuturjati | ingga Kartawêdana ||

19. Jatipitutur Pituturjati | langkung wêlas dènira tumingal | mring rahadèn sapolahe | sangêt anglarut tuwuh | jiwa raga tansah binanting | tinon kawêlasarsa | gèning brăngta wuyung | Jatipitutur amajar | kêsaputan dening kasêrêp tumana lis |[61] anggèr andika luwar ||

20. ingsun wêlas anggèr aningali | lan malihe baya wus katrima | apa ta ingkang sêjane | putu ngong wong abagus | wong ajanèng wong saya sigit | nuli atêlasana | apa sira jaluk | wingi sore ingsun [ing...]

--- [f. 10v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 17 dari 121

[...sun] mirsa | ing wartane kapirsa ing kuping mami | jare wong dagang layar ||

21. tanah sabrang Sri Nalendra Kêling | kala mêngko duwe sayêmbara | ing Kêling sangêt rusake | satêngah ngalun-alun | katurunan tunggul ainggil | wulung wênara pêthak | iku purwanipun | ingkang dadi sanêgara | wus dhinaut dene wong kang pirang nagri | nanging datan kaangkat ||

22. pabangbange sang sri narapati | sapa baya kang sanggup dauta | nadyan cèkèl anèng bale | ginanjar putri ayu | payo ta lah anggèr wong sigit | padha layar anabrang | ing Kêling jinujuk | mênawa babo mênawa | kinuntungêna karsane dewa kang luwih |[62] sira lamun dauta ||

23. kang ingatak saurnya amanis [ama...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lembu Amiluhur, Lembu Amijaya, dan Lembu Pengarang meminta ijin ayahandanya untuk mengikuti sayembara di negara Keling.]

--- [f. 11r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 18 dari 121

[...nis] | kasinggihan ujar jêngandika | lêrês tan wontên sisipe | nanging kang kaya ingsun | cumanthaka pêksa kumawi | nora nawang sarira | wong apa katèngsun | kalêbêt pintên prakara | yèn mungkasa warta kang kasêbut iki | yèn lirwa têmah wirang ||

24. têkèng êndon bejang[63] ngong rewangi | lan malihe dulurira lanang | sira bêktaa karone | Ki Lêmbu Amiluhur | têka anjrah rasane ngati | wus anut ingkang karsa | mring Jatipitutur | kalima nulya pamitan | pasang tabe luputa tulah lan sarik | kawula amit kesah ||

25. sang abuyut dhatêng anuruti | sakarsane wau ingkang putra | tanapi dulure wadon | nulya nupaka[64] pêrau |[65] jukung alit dipun titihi | dene têtiyang gangsal |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Kilisuci serta Ragil Pergiwangsa tidak diperbolehkan ikut, dibelakangnya terlihat Jatipitutur dan Pituturjati.]

--- [f. 11v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 19 dari 121

layaripun kadut | Jatipitutur nèng wuntat | angêmudhi Pituturjati anarik | kêlating ingkang layar ||

26. wus anêngah praune pêkik |[66] kêthap-kêthap silêming dharatan | gunung Jawa sirna kabèh | ombak anêmpuh parung | balumbangan dipun lampahi | manjur lir pendah kilat | tan lama ing laut | jêjêgi tanah Bênggala | wus gumawang kuthane nagri ing Kêling | wus têkèng pêlabuhan ||

27. caritane Kêling saking Jawi | lêlayaran dèntên kalih wulan | Dewakusum layare |[67] mung sadina sêdalu | dyan ucapên kang kantun Jawi | Ki Buyut Dhangdhanggula | sêmana wus lampus | sakesahing ingkang putra | kalurusên wong tuwa nandhang prihatin | lir amêgata trisna ||

28. Jatipitutur [Jati...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma (Lembu Amiluhur), Lembu Amijaya, Lembu Pengarang, Jatipitutur dan Pituturjati sedang berlayar menuju Keling.]

--- [f. 12r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 20 dari 121

[...pitutur] Pituturjati | wus angatak mring Dewakusuma | mêlaku adharat bae | sawab sêgara pênuh | dening prau tan angsal margi | radyan anulya dharat | wona kang dèn turut | jukunge sampun cinancang | sapraptane rahadèn ing nagri Kêling | rada kasêmu ewa ||

29. krana dening lampahe mèh kari | kadhinginan dening wong asabrang | anging ta wau kêndhate | pamêcaking sang prabu | sayêmbara dipun walêri | samaguning[68] ping tiga | iku prentahipun | kang dhingin dina sêla |[69] dina Sênèn ping tigane dina Kêmis | mila kang mundur kathah ||

3. Durma

1. ênêngêna lampahe Dewakusuma | ya ta ucapên malih | tingkahing

[Ilustrasi]
[Redaksi: Kapal-kapal dari negara sebrang berdatangan dan berlabuh di pelabuhan Keling.]

--- [f. 12v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 21 dari 121

manusya | samya acawis karya | sayêmbaraning sang aji | anuju măngsa | bêndhe sampun tinitir ||

2. myang gumuruh suwara punang gamêlan | surake wanti-wanti | lir karêngèng wiyat | wantune jalma kathah | kadya ngabahna[70] kang bumi | apanthan-panthan | sapunggawane nisih ||

3. aja awor ujare kang rêbut papan | saupacarèki |[71] sêsêk apipitan | ana kang salin tunjang | napsune padha rêp dhimin | tiba kalumah | kèdêkan kêmpas-kêmpis ||

4. pra dipati tandange sami kasêsa | pêksa nambuta dhingin | maju gurawalan | ana kang barêng mara | saha bala samya ngiring | sagustinira | rèhêning jaga drigami |[72]|

5. punang tunggul wau ta sampun cinacak | dening para nêrpati | gêntosan [gêntosa...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Para raja dari tanah sebrang bersiap-siap mengikuti sayembara.]

--- [f. 13r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 22 dari 121

[...n] prasamya | ingoyok datan obah | tinarik pan nora kêni | ngêntèkkên karosan |[73] ambêkan ting karêmpis ||

6. areweyan karingêt kadya siniram | anêlasakên budi | ngrasa datan kangkat | mundur samya larodan[74] | satêngah ngêmut jariji | pangrasanira | wurung arabi putri ||

7. kang satêngah angantak abarêng mara | sakănca-kăncanèki | mêksa nora bangkat | mundur samya awirang | cangkême pating kacuwis | suraking kathah | kadya karêngèng langit ||

8. wontên malih tukang cuke ing Mêlaka | aranipun Cikuwi | saluthu mring ngarsa | mêlirik gènnya ngucap | untung betal ambik rabi | putrinya nata | apa rasnya binjing |[75]|

9. pasthi adha betal dhuwit [dhu...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, satu persatu para raja tersebut bergantian mencabut tunggul wulung.]

--- [f. 13v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 23 dari 121

[...wit] dhêngên uwang | kêrja bêlaja binjing | pandhe yèn anyênyandhak |[76] tunggul saryya cawêtan | ganthini tiba kuwalik | aburangkangan | awake kuthah tai ||

10. prapta malih mantri tuwa ing Pasundhan | arane Dêmang Sathim | kênthingklêng mring ngarsa | gêragah nuli nyandhak | dhasar duwe lara mêngi | amêgap-mêgap | narik nuli kapising ||

11. sêsambate adhuh nyai nora kêlar | maksih angukih-ukih | adhuh salaweyan | narik apulintiran | marucut tiba kuwalik | apuringisan | asambat putri Kêling ||

12. priyayi mănca ing sabrang akathah wirang |[77] dene polah pribadi | ana untu rampal | kabêntus kabarêngan | ana kang irunge dawir | kabêlèr gêdhah | mundur pating puringis ||

13. abot têmên napsune wong ayun krama | mring putri adi Kêling | nanging tan kawawa | sri nalendra tan kuwat | kakêdhah tinanting wani | tinanting raga | kasi padha pancirit ||

14. ana ingkang kasêliyo iganing jêpat |[78] tan angitung bilai | kalane sêmana | pra punggawa satriya | akumpul dadi sawiji | sarêng angangkat | tan obaha [o...]

--- [f. 14r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 24 dari 121

[...baha] samênir ||

15. tunggulwulung aciri wênara pêthak | rinêksa ing rasaksi | malah kinawratan | sakèhing brakasakan | prasamya agêgendholi | nanging tan wikan | sakathahing kang jalmi ||

16. dyan warnanên satriya Dewakusuma | katiga ingkang rayi | Lêmbu Amijaya | lawan Lêmbu Pangarang | Jatipitutur tan têbih | ing wurinira | lawan Pituturjati ||

17. wirandhungan lampahe Dewakusuma | ngraos lamun aisin | dening kantun dhawak | bilih botên katampan | kaya ngapa awak mami | têmahing wirang | iku nusmaning galih ||

18. kyana patih gawok dènira amulat | ing satriyanyar prapti | dening kantun dhawak | kathahipun têtiga | kang tuwa anom apêkik | cahya gumawang | patih jêngêr ningali ||

19. panarkane [panar...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Patih Keling terpesona dengan kedatangan Dewakusuma dan kedua adiknya.]

--- [f. 14v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 25 dari 121

[...kane] ki patih dhatêng rahadyan | baya ragane isin | dene kantun dhawak | kêtara yèn angiwa | ki patih sampun pratami | angon sasmita | nulya amêrêpêki ||

20. kyana patih arum wijiling kusuma | marang kang anyar prapti | pundi kang pinăngka | radèn kula tanbêtan[79] | sitên[80] sinambat wêwangi | radyan saurnya | kula ing nusa Jawi ||

21. Lêmbu Miluhur dêlape kang mastanana |[81] jalma papa ngêlampahi |[82] patih nulya tanggap | ngrasa sampun kadhadha | kya patih angicarani | radèn miyosa | sayêmbara sang aji ||

22. kang ingatak pamangsuling nuhun duka | kula datan lumiring | ing karsa andika | sampun kalingga murda | arah kula saking Jawi | ayun uninga | botên sadya ngawaki ||

23. dya punapa kang kadya awak kawula | lamun ngakua wani | tan nawang sarira | yèn tan pêksa alanjang | kalêbêt pintên prakawis |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lembu Amijaya, Lembu Pengarang, Jatipitutur dan Pituturjati sedang menyaksikan Dewakusuma mencabut tunggul wulung.]

--- [f. 15r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 26 dari 121

kadya wak kula | ngungkuli pra nrêpati ||

24. kyana patih dhasar putus ing wirasat | muna kêlawan muni | solah lawan tingkah | kinarya panêngêran | ki patih sampun adugi[83] | panggritèng manah | sadurungipun lair ||

25. kyana patih asangêt gènira mêksa | Jatitutur nambungi | adhuh putuningwang | anggèr sira turuta | ing prentahing kyai patih | para idhêpa | sira dêrma ngêlampahi |[84]|

26. dyan jinabut kang tunggulwulung wus kêna | angandika sang aji | mêngko kaya ngapa | patih sira matura | kang dinangu saha bêkti | atur manêmbah | pukulun patik aji ||

27. abdi dalêm pun patih atur upêksa | gusti wondening mangkin | tunggulwulung pêcat | dene satriya Jawa | tan panjang aturnya patih | natèng ngandika | tibalana[85] dèn aglis ||

28. kyana patih anuding

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Dewakusuma berhasil mencabut tunggul wulung.]

--- [f. 15v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 27 dari 121

mantri taruna | ngenggalakên sang pêkik | anulya lumintar | radèn sampun ngandika | binêkta ngayun aji |[86] kalim pisan |[87] tan dangu nuli prapti ||

29. sri nalendra arum wijiling wêcana | radèn dipara ngarsi | aja têbah-têbah | kene sira linggiha | satata kêlawan mami | mijil sihira | ningali kang nèng ngarsi ||

4. Mijil

1. sri nalendra manahe birai | mulat ing sang anom | ya mangkana pangudasmarane | dene bagus pangudasmarane |[88] patut rêspatèni | dadia linuhung ||

2. sri nalendra arum dènnya angling | mring kang maha sinom | lah ing ngêndi radèn pinangkane | lan malihe kang sinambat ing sih | rewangira gusti | iku ta apamu ||

3. saha bêkti aturnya amanis |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma menyerahkan tunggul wulung kepada Raja Keling.]

--- [f. 16r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 28 dari 121

dasih jalma langon | nusya Jawa kawula angsale | Dewakusuma ingkang mêstani | dening ingkang kêkalih |[89] punika sadulur ||

4. ruming sabda Sri Nalendra Kêling | angêlir madu juruh |[90] putraningsun kaki ra radèn |[91] akramaa nèng nagri Kêling |[92] angsal putri mami | sêkaring kêdhatun ||

5. apan uwis ujar ingsun dhingin | singa ingkang bêdhol | tunggulwulung kêlangkung agênge | tur aciri wênara kang putih | tumamcêb[93] ing bumi | têngah lun-alun |[94]|

6. kang minăngka krama nini putri | iku ujar ingong | pramilane ing ko rahadèn |[95] pun bapa ngêluwari punagi | baya wus pinasthi | ing dewa kang agung ||

7. anoragi Dewakusuma di | sêmune wilangun |[96] marikalu[97] rahandi[98] lungguhi |[99] kang wêdana lir kojêm[100] ing siti | matur saha bêkti | nuhun aturipun [aturi...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, diiringi Patih Keling, Lembu Amijaya dan Lembu Pengarang.]

--- [f. 16v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 29 dari 121

[...pun] ||

8. botên wagêt gusti amangsuli | pasihane katon | tan apajar radèn saature | mung lungguhe dènnya tadhah bêkti | angêling dera aji |[101] mring pêpatihipun ||

9. caosêna sira benjing-enjing | sakèhe bon-abon | apa barang ta samêtane |[102] sadandanane wong boga bêkti | lumrahna apatih | mring para tumênggung ||

10. ya ta wau Sang Sinuhun Kêling | kundur angêdhaton | ginarêbêg ing para cèthine | Dewakusuma binêtèng[103] puri | dènira sang aji | tan suka akantun ||

11. para garwa amêthuk sang aji | gumêr syarane kang wong |[104] sri nalendra wus lêrjar[105] manahe | apadene wong sadalêm puri | mwang wong alit jawi | enggar manahipun ||

12. nagri Kêling walulya lir uni | tiyang sang akatong | gya pinarêk ing kathil rukmine | wus ngandika wau maring sêlir | ngandika sang aji | dhapur asung wêruh ||

13. putranira iya nini putri | mêngko angsal tagon | saking Jawa abagus warnane | arah ingsun ingarah nêrpati | ingsun panggihake |[106] marang radèn bagus ||

14. enggar manahe kang para sêlir | mirsa yèn kang sinom | dene jatukramane bakale | warnanipun abagus [a...]

--- [f. 17r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 30 dari 121

[...bagus] linuwih | cahyane nêlahi | putra tamèng têmbung ||

15. ing jro pura gamêlan rêrangin | pra sêkar kêdhaton | agung sukan tansah rame-rame | apadene sang sri narapati | mulih kadi dhingin | biyada lah ayu ||

16. akasukan siyang nutuk latri | ing jrone kêdhatun |[107] abêdhayan jagetan[108] arame | wayang uwong sang sri narapati | sarta pramèsyari | cèthi para arum ||

17. gamêlane tansah laras ati | kang nabuh wong wadon | mantri èstri arakit arame | sri nalendra ingkang andhalangi | angidung kêkawin | syaranipun arum ||

18. dhasaripun sang sri narapati | bisa karya akon[109] | Krêsna duta pinurwa sang rajèng | caritane dhasar amatitis | nulya dèn wêkasi | prang Jayabinangun ||

19. pan sêdalu ta manggung sang aji | angundha lêlakon | pra biyada kang endah wêrnane | pinanganggèn sarta di-adi luwih |[110] mubyar kadya thathit | ujala abarung ||

20. sakêlangkung rêtnane sang aji | anguyu kêdhaton | andon suka apadha arume | kadya lung-lung sêkar jroning puri | sêkaran kasilir | anom lagi ayu ||

5. Sinom

1. tansah aboga

--- [f. 17v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 31 dari 121

drawina | amêngtis[111] kêbo lan sapi | dhasare sri naranata | ambêk suta buga luwih | enggal lir banyu mili | ucapên ing alun-alun | patih gènnya kasukan | sarta punggawa lan mantri | myang gumuruh syarane kang gamêlan |[112]|

2. bogane sri naranata | kang mêdal saking jro puri | pirang-pira[113] ajodhangan | kang patêdhan dalêm mijil | kang dhawuh mring kya patih | enggal abdi cilènipun | enggar manah kawula | totonan[114] raina wêngi | wayang uwong jagèt tamèng abarungan ||

3. satênga[115] ana narêbang | ana wong wayang karucil | ana kang wayang pêruwa | ambetho lawan anyuling | yèn dalu angabêkti | anjantur lawan anêbus | wong Indhu kathah prapta | bêbara anèng ing Kêling | Cina Mui angêbarang êpak sokang ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Para bupati dan satriya berpesta pora meminum-minuman keras, merayakan tercabutnya tunggul wulung.]

--- [f. 18r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 32 dari 121

4. pra bupati lan satriya | kasukan ing păncaniti | ana ka[116] padha babêksan | jêbêng lawan carabali | gamêlan angêrangin | suwara wadya gumuruh | bêdhil ambal-ambalan | binarung tambur urmati | pra satriya sami larih-linarihan ||

5. anginum arak-arakan | jênèwêr lan arak api | tapine pating talênggak | midêr ingkang bêkta larih | ana wu nêngahi |[117] amondhong jagèt angambung | ana anguwêl dhadha | si mêlathi kêmpas-kêmpis | alok huse sêrta anjabuti kopyah ||

6. yèn dalu kadya raina | damar kurung amêrapit | ngalun-alun pinasangan | pring sêdhapur kêmbang api | êlong lir daru ngalih | ulan-ulan lan marêcun [marê...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Patih Keling beserta para punggawa mantri juga ikut berpesta pora karena kerajaan Keling telah kembali aman.]

--- [f. 18v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 33 dari 121

[...cun] | padhang kadi raina | akèh urmate wong cili | sakèh marga padha pinasangan damar ||

7. wong desa sami rantaban | lanang wadon gêdhe cili | sadya dhumatêng nêgara | sumadya anêningali | saking bungahing ati | ngalun-alun dipun jujug | ningali wong kasukan | sadina banjur sawêngi | supandene[118] nora pati angêliha ||

8. urmate wong sanêgara | langkung sukane ningali | ya ta sang sri naranata | ngandika mring pramèsyari | mas ratu dèn aglis |[119] putranira Nini Galuh | sira rêrêsikana | kang ingatak dyan lumaris | ingkang putra wau ingkang jinujuga ||

9. Rêtna Dèwi Padamsêkar[120] | tumingal ibune prapti | anêmbah ngusapi pada | angêlasot dènnya abêkti |[121] ibunira ngarasi | adhuh nyawa putraningsun | sira kinèn amida | dene ramanira aji | mêngko [mêng...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Warga desa berduyun-duyun mendatangi alun-alun ingin melihat pesta yang diadakan Raja Keling.]

--- [f. 19r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 34 dari 121

[...ko] sore sira ayun pinanggihna ||

10. tan mikung[122] rêtna juwita | mring pakon sudarma bibi | pawongan sampun anămpa | bêrsihan wus cumawisi | pangangge sarwa adi | wus agêlar ngarsanipun | anèng nămpa kêncana | para bibi para nyai | rêtna dèwi linulur ing găndawida ||

11. sêsampuning jinêbadan | gandanya anrus pratiwi | akampuh gadhung pinrada | sinjangipun cindhe wilis | sampur dipăngga wilis | tinêpi kêncana murup | rinoce[123] nawarêtna | agêlang kana rinukmi | arja sêngkang intên bumi kêlonthongan ||

12. kêlatbau naga kirda | têbah jaja mas kinawi | pinatik rêtna pêkaja | têngahing maniking warih | sisingm[124] intêning bumi | kalih pasang kathahipun | ajamang mas nrinancang[125] | linarap kêncana abrit | pan kinonang manila rêtna cêmpaka ||

13. acucuk gêlung mutyara | sêkar suwung surèngpati | dinulu pating galêbyar | lir busana saking syagi[126] | dhasar ayu linuwih | kusuma giri kêdhatun | karêngga ing busana | cahyane ayu linuwih | wêdanane sang ayu anrang purnama ||

14. tan ana winancènana |

--- [f. 19v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 35 dari 121

kusuma yu nagri Kêling | sirna sawange manusya | satuhu ratu suwargi | widadare sakêthi | patut ngayapa sang ayu | padha amawongana | marang ratuning ing puri | yèn pinarêk kaya musnaa sakêdhap ||

15. liringe lir guladrawa | ulate madam kang silir | sêmunipun awilêtan | pinandêng saya mantêsi | ingkang amindha Ratih | ya ta yèn guruning ayu | yèn ta wontêna uga | ing jaman ingsun puniki | sapa wonge yèn mulat nora rêmêna ||

16. sampunira mangkana |[127] para bibi samya ngapit | para êmban lawan inya | pra ayu sajroning puri | ngayap marang sang putri | ing ngayunan sampun rawuh | ing rama sri nalendra | praptane sarya ngabêkti | sri nalendra [na...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Para emban yang selalu setia mengiringi putri Pandamsari.]

--- [f. 20r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 36 dari 121

[...lendra] putrane tansah winangwang ||

17. satriya Dewakusuma | wau sampun pinisalin | arja kampuh jingga rendan | alancingan cindhe wilis | paningsête ta putih | têbah jaja kêlatbau | kuluk kinanigara | asêkar êmas rinujit | rimbe-rimbe tibèng jaja asung raras ||

18. adhuwung kinaturăngga | wrăngka sawat dipun rukmi | ukiran cola tinatah | mawi gănda jayèngpati | dhasar bagus linuwih | cahyane kadya andaru | sirna manusyanira | lir Kumajaya ing syargi | lagya têtdhak[128] ing murcapada di mulya ||

19. glising ingkang carita |[129] putra apanggih lan putri | satriya Dewakusuma | lir kadi yangyang tinulis | sah anulya ngabêkti | ing ramanira

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Putri Pandamsari dan Dewakusuma menghadap ayahandanya (Raja Keling).]

--- [f. 20v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 37 dari 121

sang prabu | ngandika sri nalendra | anak ingsun nini putri | ngabaktia anggèr marang rabinira ||

20. anulya wau manêmbah | marêpa[130] ing suku kalih | sampuning alênggah ajajar |[131] lir Kumajaya lan Ratih | sang nata angêling aris |[132] marang ing kalihe sunu | sira padha sandhinga | aja pati têbih-têbih | papêngantèn patute alinggih jajar ||

21. bungahing marwata suta | ingkang sinuhun ing Kêling | aningali ingkang putra | dening bangun turut kalih | arja[133] lawan wêwasi | pandhita lan kamisêpuh | atapa anèng paseban |[134] sêdaya sami ngèstrèni | sri nalendra sabdane lir guladrawa ||

22. hèh padha angèstrènana | ingkang garwa radèn putri | Prabu Anom ingkang nama | mrentaha nagri sêpalih | iya sri narapati | wus luwar saujaripun | jawata nawa songa | nabèng bawa capa-capi | wus anulis êbuk lêlima sêdaya ||

23. tanapi sira pandhita | sadaya sami ngèstrèni | urmate kang anèng jaba | drèl sinapan sarwa bêdhil | kadya guntur sabumi | kya patih dhawuhkên sampun | sawuse samya maca | nawalane sri bupati | sapujagat unèning lir pendah gêlap ||

--- [f. 21r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 38 dari 121

24. sadalu gènnya kasukan | anulya wuwusên injing | sri nalendra angandika | Prabu Anom putra mami | mênawa sira gusti | akêsêl lungguh sêdalu | apadene karipan | padha muliha wak mami | loring pasar iku padalêmanira ||

25. anulya sami anêmbah | ing rama sri narapati | tanapi mring ibu syara | sampunnya wahana jali[135] | nulya mundur aririh | ginarêbêk para arum | sang dyah kusuma rara | sampunnya wahana jali | wuri ngarsa jajarane tubak[136] punthang ||

26. Prabu Anom wus wahana | ing kuda asongsong kuning | pinanggonan adi mulya | sarwa bibulu[137] rinukmi | cêngêng kang aningali | lir Kumajaya anurun | têdhak ing marcapada | ginarêbêk widadare |[138] pra biyada abêkta kang upacara ||

27. ing ngarsa sami singgahan | gulang-gulang durapati | samya ure-ure rema | kampuh sadhèr nyrampat siti | kêlambi bapang rinukmi |[139] akêris cara winangsul | sondhèr polèng rangrangan | prasamya bêksa nèng ngarsi | lamun tinon tidake[140] anon wiraga ||

28. sêmut gatêl ing akathah | pênuh runge munggèng ngarsi | tan kathah amung sêdasa | punggawanipun angiring | dêmang lawan ngabèi | kêlayan [kê...]

--- [f. 21v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 39 dari 121

[...layan] kang para tu |[141] tindhih padha wêdana | mêranggu wong durapati | wong kanoman prasamya tumut sêdaya ||

29. sakèhing ingkang tumingal | prasamya gawok ningali | ragane padha kasmaran | pawèstri kathah birai | satêngah abêbisik | marang padha rewangipun | apa rasane baya | mendah rasane kang ati | yèn ngadhêpa sadina awak manira ||

30. ana malih bakul ngucap | Prabu Anom dika mampir | sadhela ing dhasar kula | mendah bungahing kang ati | nuli andika gantin | susuh canang apu campur | ududa rakok[142] dawa | akèh polahe pawèstri | nganyut wuwuh sambate tan sinêmbadan ||

31. ri sampunira mangkana | Prabu Anom nulya prapti | dhatêng pêdalêmanira | jêjaran nêngên angèri | onèng prigolan mijil | sang dyah ayu sampun darung | kêlayan ingkang raka | saryya astane kinanthi | babu inya angapit ing kèri kanan ||

32. sakêloron wus pinarak | ing madyane kathil gadhing | pawongan atap ing lêmah | pra mantri kandhêg ing jawi | caos karsaning gusti | dugi paseban simangu | Dêmang Jayadirana | lurah

--- [f. 22r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 40 dari 121

gamêl Sêcapati | kurawaking rupane kaya rangutan ||

33. sampun tunggang ing acala | nulya gumanti ing wêngi | pra sare kang tarulata | wong dalêm kathah kang kêmit | kusuma yu ing Kêling | pinarêk ingayap babu | pawongane atarap | anămpa lêlancang rukmi | sinasapan biludru rinenda seta ||

34. lir bêthara suralaya | Prabu Anom Nyakrawati | pinarêk kori kalihan | wus Kumajaya lan Ratih | sang dyah kêtarèng arip | kakungnya wêlas andulu | binêkta pêsareyan | Prabu Anom Nyakrawati | dhasaripun lir kucing andulu pindhang ||

35. ya ta êmban lawan inya | anangkêbakên kang samir | dhasar bayange [ba...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma membopong Dewi Pandamsari masuk ke kamar tidur.]

--- [f. 22v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 41 dari 121

[...yange] ajêmbar | kang caos prayayi èstri | Arsa Suwănda nênggih | lawan Ni Dêmang Suwaku | samya jaga karipan | kacatur kêlawan cuki | kang satêngah ana ingkang amêmaca ||

36. kumêndhung kang pêpajangan | sakane samya ngulêsi | ing grènjèng kêncana mulya | têtawon boni sinunggi | akăntha marcu ngalih | sinêlan abang lan biru | tujung[143] kumala surya | damar kurung amêrapit | damar sèwu damar malam pinulêngan ||

37. bantal susun tundha sanga | tinutupan mas cinawi | kêndhaga asri pajêgan | kinarangan sutya putih | sinêlan pandhi wilis | asawang bontrawi[144] murup | kasur sari bêndaran | agêguling cindhe wilis | tinutupan mas pinatik nawarêtna ||

38. gubahing cindhe pathola | laluwurnya rawi luwih | rineka paminta raga | kalane dipun unggahi | dening widadare |[145] pitung puluh kathahipun | prasamya adhăngkaa | nanging datan miyatani | mêrbuk arum gandane jroning papêrman ||

39. cinthalan kăntha têsaka[146] | minatan itêni[147] bumi | ilate kêncana abang | sisike jumêrut wilis | mangah-mangah gilani | ajamang makutha [maku...]

--- [f. 23r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 42 dari 121

[...tha] murup | palisir tejangkara | sinawung kêncana wilis | cinêplokan salimpêt kancana jingga ||

40. jogan ijo binararas | ana irêng ana putih | ana kuning ana abang | ginêlaran prangwêdani | pan sinêbaran sari | kanonang tinambur-tambur | ginrimisan sarya endah |[148] gandane ngêbêki bumi | lir manjangan mijil saking suwargaloka |[149]|

6. Mijil

1. Prabu Anom tan pêgat angrêngih | netrane acêlor | kapituhu amrih ing lunture | mring kang sampun dènnya miwal kapti | kang pinindha gusti | pinulut ing kayun ||

2. lir brêmara ayun ngingsêp sari | apan maksih anom | kaya ngapa gèn ngingsêp sarine | sêkaripun apan maksih kincip | kinagokkên gêndhingan Pangawe | Sangupati kang kidung pêngawi | pinirsa angasih | suwaranipun arum |[150]|[151]

3. baya iki panukmane Ratih | gustine paturon | miwah anggèr gon kula angèngèr | tan angraos yèn kula akrami | suka dadi dasih | anjalma ping pitu ||

4. dyan ingaras atangkis tan pulih | sarya mengo mengod | wêcana rum dèn parêng liringe | dhasar sampun [sampu...]

--- [f. 23v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 43 dari 121

[...n] mandhap ing birai | sampun wani-wani | larangane guru ||

5. kakungira mèngsêm sarya angêling |[152] adhuh gustiningong | Sang Yyang Guru ing wingi mêrene | ngêsrahakên marang sira gusti | kaduwe ing kami | apa karsaningsun ||

6. gêrmêt-gêrmêt kakung mêngarahi | pêmbayun cinuwol | sang dyah ayu awirang polahe | cumalèrèt katon mênis-mênis | lir andaru ngalih | minănda kang ngayun ||

7. sang juwita manahipun runtik | kamanusyan wirong | mingsêp-mingsêp ngadhêp gubah bahe | kakunging ngraspati |[153] kang pinindha gusti | manahe amikung[154] ||

8. apuranên gustimu kang dasih | bilih akadudon | sakathahe wus anggèr wus angrèh | tur sayugya wêlas ing dasih |[155] amung nimas gusti | gèn kula anyatu ||

9. lêsu lupa kang pinindha gusti | pamirsa wiraos | sêsambate kang kakung angêrngih |[156] sang dyah ayu rinangkul atampik | nanging rupêk budi | tinawan ing kakung ||

10. lukaring gêlung gandanya amrik | asrus[157] ing paturon | miwah lukaring sinjang gandane | kadi mêjahana kang urip |[158] kang sawênèh kadi | pêjahe bêbatur ||

11. kèh

--- [f. 24r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 44 dari 121

kumêrsêk pawongan angintip | prasami kêraos | para èstri atêp pasrirane | ana ngilêr ana kang angagir | ana kêthip-kêthip | sami mangkruk-mangkruk ||

12. dyan pinêksa atangkas[159] tan pulih | winangwang ing pangkon | pan liniling ênting ing karsane | kadi tanpa jiwa sang lir Ratih | winardakèng laki | kabotan pangrungrum ||

13. ginulingkên sang dyah atampik |[160] pinêksa ing turon | mênggah ngêsês ngulapi astane | nyêngkah jaja sinalimur liring | dhasar bandhil nyirit | wêdanane mancur ||

14. mila kakungnya kuthuh kêpati | ulate acêlor | dyah wus sirna ing kaisinane | pyuh ing tilam tan ana dumêling | kaprajayèng laki | ing asmara campuh ||

15. bantal susun samya ngrubuhi |[161] gulinge mêlorot | mung ngêlosot saking ing ulêse | têka memba sang anaga gini | lagya malungsungi | kaya lamun tulung ||

16. kêlèk-kêlèk angkuping waringin | sumartana miyos | amêlingi dene sèh kadhahsèh | ngêlik-ngêlik sêdhêng padha muni | darma lintang muni | tênagane tulung ||

17. kakungira wêlas aningali [ani...]

--- [f. 24v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 45 dari 121

[...ngali] | garwane kinusya |[162] ingusapan sang dyah wêdanane | kasênênan pandam amêrapit | têka sawang suji | lir wulan awêlu ||

18. bang-bang wetan miga bang angrawit | sudama acêlor | paksi măndra gumêrah suwarane |[163] arame sata wona munya anjrit-anjrit |[164] yèn tataa jalmi | gusti diwungu |[165]|

19. paksi tuhu munya asung wangsit | mêrak anyêngungok | yèn jalmaa kadya mungokake | gusti anggèr mangke sampun injing | pra arum atangi | ana nyandhak sapu ||

20. jok tumurun Prabu Anon ririh | garwa maksih major | pasarean gumilang cahyane | acêngkelak [acêngkela...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Saat istrinya masih tidur, Dewakusuma turun dari tempat tidur.]

--- [f. 25r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 46 dari 121

[...k] kakungnya abali | mungokna kang kari | mêksa jinêm arum ||

21. gusti anggèr mangke sampun injing | dadi eyang ngantos | awungua sapanên kasihe | ingkang minta apurane gusti | anggèr babo nyai | dasihnya tur lipur ||

22. saenggane kawula mas ari | simbar munggèng layon | nênampuni tan wrin ing jiwane | kumadama-dama amrih singgih | yèn kayon ngêmasi | simbar tumut ngêlayung |[166]|

23. adhuh-adhuh mati punang abdi | lami akêloron | kadya minta madurêtna radèn | lir paksi ponggong kasmaradèn |[167][168] nêtya praptèng ati | trêsna datan luntur ||

24. dhuh dewaku yyang murtining wêngi | supadêma kêdhatun |[169] Kusumacitra ăngga rekane | baya dinus ing sêmbaga dhèsthi | iya uga iki | panambêrmaning kung ||

25. idêrana ing sanusya bumi | bêndhenana gêdhèng |[170] sanêgara kaya datan pulih |[171] Dèwi Ratih pantês dadi abdi | liringe wong iki | anitèni kalbu ||

26. manising sêdya sêdhêng patitis | adhuh gustiningong | asêmbada lan kongah-kangihe | sun batang asêmune wong iki | anampuni [anampu...]

--- [f. 25v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 47 dari 121

[...ni] rêsmi | adhuh jiwaningsun ||

27. benjang kula yèn lamun ngêmasi | sangonana layon | gantènira dewa sun suwune | dadya usadane jro yamani | yèn benjang sun suwargi |[172] sun karya pangêlapur[173] |[174]|

28. bilih gusti ta mun suwawi |[175] karsaning sang sinom | tuju mirah dedea karsane | têmah pêjah supradata sami | marmila kang abdi | gung tadhah babêndu ||

29. nadyan kula anèng suwarga adi |[176] sun duga angêlamung |[177] kaya tan dadya ta wiryane |[178] maksih sira kang sun anti-anti | rabia sakêthi | datan kêna lipur ||

30. panggih kita saya angranuhi | yèn adoh mayanggong | karagên-ragên ta ingsun têrsnane |[179] dhawuhêna ing satitis dêmi | mangan ika dèwi | usadaning wuyung ||

31. baya saspun[180] pasthine Yyang Widi | mirah jiwaningong | tan abisa ing dyah mulat wênèh | amung dika kang sun kêlasodi[181] | datan bisa rabi | mung pada sang arum ||

32. bok inggiha asiha mring dasih | purwaning kang nglangon | saking Jawa tumêkèng ing kene | amung anggèr ingkang sun ulati | ing mangke wus panggih | têmah pinitambuh ||

33. pira mangke dasih angulati | tan [ta...]

--- [f. 26r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 48 dari 121

[...n] etang angêlamung |[182] nusa Jawa wus kajajah kabèh | tan anyana mimba anèng Kêling | lêganing kang ati | sampun manggung angkuh ||

34. salire pupu sanguning ati | amirsa kadudon | dening kakungnya sangêt tiwase | sang rêtna yu asrêng kang ati |[183] waspanira mijil | karasèng ing wulangun |[184]|

35. dyan kinusya dipun sinjangi |[185] sarira angêlayon |[186] gilang-gilang sang dyah wêdanane | sumêrsa kalamun abêbêrsih | astane kinanthi | patirtan jinujug ||

36. babu inya prasamya angiring | mring sang karoron |[187] para arum kang endah wêrnane | ana ingkang nămpa lancang rumi[188] | sasab bêludru kuning |[189] tinêpi mas mancur ||

37. ana nămpa prasikan lan suri | ana nămpa bokor | ana bêkta iya pênampane | cinawiskên kang isi jêjêrit | sinăngga ing cèthi | pra arum gumruduk ||

38. ting cakik sake[190] para mundring |[191] anjongkong-jinongkong | kadrawasan ajongor irunge | labêtipun ngrêbut punang sari | gambir lan mêlathi | anjrah tan asantun ||

39. puspa abyor tulyaa angrawit | yoyanya[192] anyêtur[193] |[194]

--- [f. 26v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 49 dari 121

lirap-lirap adêrês iline | sêndhang agung gumilang awêning | mina wira-wiri | badhèr bang lan palung ||

40. ting calirap tămbra nungsung warih | amijah mêncalot[195] | samya mangêlung sridênta galihe |[196] sêkar mênur gambir lan mêlathi | samaran amrik |[197] gandane kang santun ||

41. têpining taman kêlangkung radin | wus siram saloron[198] | angrèk prana anarat layone | gêlung lukar ganira amrik |[199] dhatêng pasang guci | tinundha sang ayu ||

42. samya salin sinjang sarwa adi | wau sang akaron | para arum năngga panampane | jêbad sari munggèng [mung...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Para emban membawakan peralatan mandi putri Pandamsari.]

--- [f. 27r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 50 dari 121

[...gèng] pacrikane |[200] myang ngrasuk sang dèwi | gănda nrus anglangut ||

43. sah kinanthi astane sang dèwi | dening Prabu Anom | anggarêbêk para ayu kabèh | lir Sang Kumajaya lan Sang Ratih | turun saking suwargi |[201] têdhak anèng ngriku ||

44. langkung sih yèn kaandon akrami | Sang Aprabu Anom | kusumaningrat iya trisnane | lir mintuna kêlayan mimi |[202] Sang Prabu Anom asih |[203] rantang-rèntèng runtut ||

45. dhasaripun sang rêtna linuwih | sami tan noragong | ya ta tulus sang rêtna ayune | amupugi sasêlaning èstri | gêmi anêstiti | sung bêkti ing kakung ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Dewakusuma dan Dewi Pandamsari mandi di kolam yang terletak di tepi taman.]

--- [f. 27v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 51 dari 121

46. wus akrama gènnya mulang krami | mangke sang wirang[204] nom | saya wêwah sadina-dinane | trêsnanira amung karon rêsmi | mila sang apêkik | manah saya limut ||

47. dadya kang anèng nagri ing Kêling | raosing sang sinom | tan sumêdya mantuk mring nagrine | dene sampun wibawa mukti |[205] katrêsnane sami | mila awrat mantuk ||

48. apadening sihira sang aji | marang Prabu Anom | kadya titir sang na paringe |[206] mangke awrat tilar ing Kêling |[207] tan wagêt mangsuli | sihira sang prabu ||

49. nanging kang kadya èmênge ngati | sadulure wadon | kalih dene sudarmaning radèn | ingkang maksih anèng nagri Jawi | sumêlang

[Ilustrasi]
[Redaksi: Terlihat Lembu Amijaya dan Lembu Pengarang.]

--- [f. 28r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 52 dari 121

ing ati | sira ta sang bagus ||

50. Jatipitutur Pituturjati | lagi winiraos | Lêmbu Mijaya lawan arine | Lêmbu Pêngarang kalane mangkin | lagya gunêm pikir | saha kanjum rêmbuk ||

51. Lêmbu Mijaya wuwusnya manis | marang sakatêlon | kadipundi benjang puwarane | yèn kênaa jêng kakang ing Kêling | andon mukti sari | tan imut kang kantun ||

52. Jatipitutur saurnya aris | adhuh putuningong | iya bênêr ujar ika kuwe | nadyan ingsun tus[208] graitèng ati | nanging durung lair | mêngko sira catur ||

53. payo ta lah padha apêpanggih | mring Sang Prabu Anom | aturana kakangira radèn | mantuka marang nusya

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, juga terlihat Jatipitutur dan Pituturjati; mereka berempat berembug ingin menemui Dewakusuma.]

--- [f. 28v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 53 dari 121

Jawi |[209] ja lawas ing ngriki | Jawa mangkin samun ||

54. ri sampunnya sêkawan lumaris | marêk ing sang sinom | tan adangu sêkawan praptane | nanging kèndêl kasadona nganti | takèn wontên cawis | radèn wontên lungguh ||

55. kang tinakèn wau saurnya ris | inggih sampun miyos | gya pinarêk anèng pasebane | kang kadeyan lumêt kabèhe |[210][211] sarêng aningali | lan Sang Prabu Anom |[212]|

56. mring kadange kalih sami prapti | miwah kamisêpuh |[213] sampun marêk pisan sêkawane | jlok tumurun radèn angêsèngi | rayinya ngabêkti | Prabu Anon[214] [Ano...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma bertemu dengan kedua adiknya, Lembu Amijaya dan Lembu Pengarang, dan saling berpelukan.]

--- [f. 29r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 54 dari 121

[...n] ngrangkul ||

57. sah asêmbah matur rayi kalih | mring Sang Prabu Anom | nuwun bêndu kawula wiyose | rèhên ing mangke pan sampun alami |[215] kèndêl anèng Kêling | andon mukti santun ||

58. sampeyan kakang kula aturi | kundura sang wirong | yèn sêmbada kêlayan karsane | kakang êmbuk[216] yèn tan kundur Jawi | mendahe kang kari | baya kawêlasayun |[217]|

59. punapa tan ngrasaa mangkin |[218] dêrbe kadang wadon | duka cipta baya satilare | kakang êmas mangkin sampun lami | dadya mêlang atèni |[219] dene liwat sampun ||

60. Prabu Anom pamangsulya aris [ari...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Jatipitutur dan Pituturjati juga ikut menemani mereka.]

--- [f. 29v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 55 dari 121

[...s] | adhuh kadang ingong | yayi êmas alêrês ature | măngsa wandea benjang amulih | nanging sabar ugi | aja ta kasusu ||

61. arah-arah dipun ngirih-irih | măngsa bodho ingong | witning ingsun alah sira rahdèn | dene sih mulanera[220] sang aji | kang dhawuh ing mami | kaya awak ingsun ||

62. yèn nara[221] ngong adhêpa sang aji | kaya raganingong | asamêne ing sawêtarane | aja gugup-gugup nuli mulih | tan mungguh ing dêling | dene sang aprabu ||

63. Jatipitutur Pituturjati | mèngsêm amêlerok | duk amirsa wuwuse rahadèn | dening krasa kang sajrone ngati |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Prabu Anom menerima kedatangan ke dua adik dan cantriknya. Terlihat Lembu Amijaya sedang mengungkapkan maksud kedatangan mereka kepada Dewakusuma.]

--- [f. 30r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 56 dari 121

ragane ki bayi | kasêsêm[222] kramèng kung ||

64. Jatipitutur mèncêp dènnya ngling | macucu angampos | adhuh radèn ta padha bênêre | rayi dika sambat botên krami | dika ta arabi | kanthèn sabên lulut ||

7. Kinanthi

1. Jatipitutur umatur | Pituturjati dènnya ngêling |[223] adhuh gusti putuningwang | bênêr ujarira dhingin | nanging ta sira pikira | gilutên ingkang aririh ||

2. upamining sira bisuk | jumênênga Ratu Kêling | durung mungguh kaya sira | kranane waris pawèstri | beda anèng nusa Jawa | sira dhewe kang duwèni ||

3. lan maninge sira bisuk | ingsun ingkang angrawangi[224] [angrawang...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, dibelakangnya tampak Lembu Pengarang, Jatipitutur, dan Pituturjati.]

--- [f. 30v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 57 dari 121

[...i] | mantuka ing nusa Jawa | rinewangan kêrngit gêtih | lawan sang sadulurira | dadi barkat ingkang kari ||

4. turun têkèng anak putu | wong tuwa ingkang miwiti | yèn dika jumênêng nata | anaa nêgari Kêling | wantune waris warujya | tan arus pinanggih bijing[225] ||

5. Lêmbu Amijaya matur | sêsambate amêlasasih |[226] kakang êmas lamun bejang[227] | kongsi jumênênga aji | ing nêgara tanah sabrang | atilar ing nusa Jawi ||

6. kawula tan sagêd kantun | kakang êmbok kadospundi | yèn puwara dipun tilar | kang kari têmah prihatin | sitên kang ginendholana | èstri arubêdi tapih ||

7. Lêmbu Pêngarang umatur | wuwuse awor lan tangis | rèhêning paduka jêng kakang |[228] yèn intuka prêm ing Kêling | lênggahipun kaniaya | tan imut ing yayah bibi ||

8. Jatipitutur sumambung | lan maninge sira kaki | yèn supami kulina |[229] ana nèng nêgari ing Kêling |[230] sanadyan mukti wibawa | nanging dadi ngalingsêmi ||

9. nistha-nisthaning wong kakung | angatut pojoking tapih | ing Jawa aluwih jêmbar | cukup sanakira kaki | benjang kalamun kuncunga | sêlamêt dumugi Jawi ||

10. Prabu Anom ngrês angrungu | ing aturira kang rayi | enggal mijil ingkang waspa | sinamur dipun usapi | manahe saya kagagas | ngraos kaungkulan budi ||

11. saurnya [sa...]

--- [f. 31r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 58 dari 121

[...urnya] wêkasan arum | adhuh kadang ingsun gusti | aja ta sêsêlang manah | iya uga ingsun mulih | ora-oraning wak ingwang | kaprêma nagri ing Kêling ||

12. mêngko pamit yayi ingsun | ngantosa ing kene dhingin | ingsun arsa apanggiha | mring bok ayunira puri | kawula ayun wartaa | apadene mring sang aji ||

13. Prabu Anom lumastantun | mring pêrnahing sang sudèwi | Rêtna Ayu Pandamsêkar | amêthuk sarya ngabêkti | mangrêpa sampeyan kakang | sang kakung mondhong sarya ngêling |[231]|

14. pamirsanira sang ayu | dening pamuwusing laki | manahe kadya |[232] kagète langkung kêpati | dakwane angalda duka | kang dede [de...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma memeluk istrinya Dewi Pandamsekar seraya memberitahu kalau dia ingin kembali ke tanah Jawa.]

--- [f. 31v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 59 dari 121

[...de] karsane gusti ||

15. paran baya sisip ingsun | kangêmas mawia runtik | punapa kang dede karsa | lêga-lêganing kang ati | yèn wontêna lêpat ingwang | dinuduhna lamun sipi ||

16. yèn wontêna lirwanipun | suka lila awak mami | jêbuk arum awak ingwang | kang yugya sun kêlosodi | dèn palaa awak ingwang | suka lila awak mami ||

17. ancur kêdhah awak ingsun | tan angrasa awak mami | sêkar lumbu saupama | yèn wontên centhelan mami | wadung pari kaningaya | kakangêmas sun arani ||

18. Prabu Anom wêlas dulu | kang rayi lamun prihatin | sampun ta kadukan tămpa | kawula lamun tan yukti [yu...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Para emban yang selalu berada di dekat putri Pandamsekar.]

--- [f. 32r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 60 dari 121

[...kti] | agawe ujar tan nyata | marang kusumaning puri ||

19. sang rêtna yu sampun matur | manira kangêmas binjing | atuwi mring nagri Jawa | kawula tan sagêt kari | lara pêjah ngêlampahana |[233] sanadyan dadosa cèthi ||

20. suka lilang[234] awak ingsun | ing êndon tumêkèng Jawi | kinaryaa pan juru dang | supaya mungginga cèthi | wus jamake wong akrama | lara pêjah dèn lampahi ||

21. Prabu Anom wêcana rum | adhuh anggèr gusti mami | mendahe kyai rama |[235] lan maninge ibu syari | nêmahana sira tilar | susahing kaliwat saking ||

22. kangjêng rama sampun sêpuh | pira lawase aurip |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Dewakusuma sedang menasehati istrinya Dewi Pandamsekar.]

--- [f. 32v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 61 dari 121

sêdhêng sira atunggua | supaya dadia bêkti | têmahipun para tilar | putrane tan ana malih ||

23. amung sira putraningsun | kang dadi dununging ati | prayugya sira kantuna | supandene tan alami | sang ayu ngarêpa pada | wuwusing asêmu tangis ||

24. pujêrane ya wong bagus | ayun nilara ing rabi | tan pintên toge akrama | yèn mêngkana ujar lamis | yèn sun rasa awak ingwang | tan dêrman gon ingsun laki ||

25. kakungira anglêlipur | kang rayi dèn arih-arih | adhuh gusti jiwaningwang | raganipun sampe ati | lamun gusti salah măngsa | dasihe mêjangi bêcik ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lembu Amijaya, Lembu Pengarang, Jatipitutur serta Pituturjati mengikuti Dewakusuma dan Dewi Pandamsari bertemu Prabu Keling.]

--- [f. 33r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 62 dari 121

26. ri sampunira sang bagus | akêlayan ingkang rayi | Rêtna Dèwi Pandamsêkar | amarêk ing rama aji | lir Ratih lan Kamajaya | wus mijil saking jro puri ||

8. Mijil

1. tan adangu sêmana wus prapti | sang amung kaluron | Lêmbu Mijaya Pêngarang dene | tan akantun prênahe angiring | lan Pituturjati | Ki Jatipitutur ||

2. duk kalihan sang sri narapati | gupuh dene anon | sapraptine kang putra kalihe | kadehane sêdaya angiring | sang sri narapati | suka manahipun ||

3. doh ingawe putranira kalih | kulup aja adoh | mas dipati lungguha ing kene | tunggal sapadêmanasa lan mami [ma...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Dewakusuma dan Dewi Pandamsari menghadap Raja Keling.]

--- [f. 33v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 63 dari 121

[...mi] |[236] kang putra tur bakti | kalih ngrangkul suku ||

4. samya ingaras aganti-ganti | putranira karo | baya ana karsanira radèn | ayun mundhuta ta wong kang adi | sêsotya kang luwih | kêncana amurup ||

5. ingsun iki dat anduwèni |[237] isine kêdhaton | ya pun bapa abêgawan bae | srah ing sira kênaa ing Kêling | ngadêga nêrpati | ingsun adhêdhukuh ||

6. putra kalih mami atur bêkti | anuwun sang katong | ana linggamurda pasihane | kawula amit ing sri bupati | têtaru ing Jawi | kagyat sang aprabu ||

7. nagrinira ing Kêling asêpi | dhuh tan pasung ingong | Dewakusuma atur sêmbahe | supandene kawula tan [ta...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Tampak Lembu Amijaya, Lembu Pengarang, Jatipititur serta Pituturjati.]

--- [f. 34r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 64 dari 121

[...n] lami | sêsasi rong sasi | anutên[238] awangsul ||

8. Jatipitutur Pituturjati | dyan umatur alon | alah punapa kalih jagate | pan duwene nêgari ing Kêling | ing Jawa ngêntèni | jêmbar budinipun ||

9. bosên Jawa mantuk dhatêng Kêling | nêgarane loro | sri nalendra langkung mêngantine | dening kang putra ngêjawi |[239] sabên dina amit | ngandika sang prabu ||

10. nanging nyawa sampun lami-lami | iku wêkas ingong | rabinira lah gawanên radèn | ingsun araha pêputra èstri | sira wêdi ngati | trênge netraningsun ||

11. tan abêtah ingsun tinggal lami | lan sira nak ingong | puma radèn aja lami bae | wira-wiri aja pêgat prapti | kang putra tur bêkti | cinandhak ingambung ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Raja Keling kaget ketika Dewakusuma dan istrinya meminta ijin kembali ke tanah Jawa, namun akhirnya diijinkan.]

--- [f. 34v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 65 dari 121

12. sri nalendra ngandika ing patih | amundhuta uwong | kang rongèwu karya sarupane | undhagi kêmasan pandhe lan sungging |[240] caosna ing Jawi | milua nak ingsun ||

13. lan caosa baita ta patih | lan brase pêsangong[241] | rèrèh Prabu Anom kabèh |[242] nagri Kêling cature pinalih | kaprintah sang pêkik | sawancine tumut ||

14. kundur sang prabu asangu tangis | sakèh wong kêdhaton | samya anêng[243] kesahe rahadèn | dyan kêpatèn dening yayah bibi | wêrnanên lumaris | wis mungguh ing laut ||

15. datan kêna pisah rayi kalih | myang Ki Tuturjatos | tanggung Jatipituture |[244] radèn pangantèn raina wêngi | anggung amung rasmi | kasmaran kêlangkung ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Berbagai jenis kapal dan perahu mengiringi kapal Dewakusuma beserta rombongan.]

--- [f. 35r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 66 dari 121

9. Asmaradana

1. pêrau kathah kaèksi | prasamya layar manêngah | jong bawana apan akèh | jung bakung pamêthingan |[245] kariyu korap lambang | lêlancaran lan bêbulus | tênggang layan lêlanthingan ||

2. binaci kingcangan wangking | jarong lawan jagawan |[246] sêkèci lawan sêlupe | giyota lawan wangkang |[247] samya amawi sampan | asri yèn lamun dinulu | layare awarna-warna ||

3. ana layar mutha putih | atunggul cara Wêlănda | ana layar kadud bae | ana layar mutha jingga | tunggule sutra jênar | ana layar megamêndhung | tunggule gulakêlapa ||

4. ana layar mutha putih | satêngah jingga urutan | parianom ganderane | satêngah layar mamegan [mamega...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, kapal dan perahu tersebut mulai berjalan menuju pulau Jawa.]

--- [f. 35v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 67 dari 121

[...n] | panjajap layar kajang | urung baya layar wungu | ganderane sutra jingga ||

5. lir pendah ardi kabasmi | yèn tinon saking măndrawa | kapale sang lire sinom | cêdhela[248] sami kinaca | lir kang ardi kêncana | sakyèh palya atut pungkur | angkatan lir paksi krêndha ||

6. asinang dinulu asri | wastane baitra kathah | warna-warna pêkakasing |[249] prasamya layar anêngah | silêm dharat sêdaya | gunung tan ana kadulu | amung langit lawan tuya ||

7. ing laut sampun alami | udakawis sangang dina | sampun silêm dharatane | tan ana arga kawuryan | akèh pulo kapêdhak | ing laut pating pancungul | sinipangan[250] dening pabêlah[251] |[252]|

8. prayatna kang juru malim | sampun amasang

[Ilustrasi]
[Redaksi: Kapal Dewakusuma dan rombongan sudah sampai di tengah lautan].

--- [f. 36r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 68 dari 121

pandoman | pramati juru mudhine | angingêrakên baitra | ya ta ningali teja | kedul wet pêrnahipun |[253] kabênêr dene baita ||

9. kaya tejane wong bêcik | ujala ngêbêki jagat | ki tuhu jajar linggihe | payo radèn ingampiran | ika tejaning apa | baya na kang apalungguh | gone kilate têtela ||

10. payo radèn dipun aglis | pulo saandhape teja | ingampiran prayoganing |[254] prau cinancang ing kona | anulya linayaran | ilang teja kari kukus | anglancêng alit irisan ||

11. kukuse kang dèn parani | cinancang sakyèh baitra | tan dangu ilang kukuse | ana watu kumalasa | tumulya inginggahan | ingancikan punang watu | pêcah pra pitu kang sela ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Kapal Dewakusuma dan rombongan singgah di pulau yang terlihat bercahaya.]

--- [f. 36v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 69 dari 121

12. jroning sela tiningali | ana dindang atêtapa | têkèk lan bunglon rawange[255] | kêpanggih sajroning sela | anguncupakên tangan | Dewakusuma amuwus | marang sang dindang kang tapa ||

13. apa sêdyanira iki | atapa sajroning sela | lan kang sira sêmbah lire | padha nguncupakên tangan | sumaur dingdang tapa | kadya lampahira iku | pasthi wontên kang sinêdya ||

14. yèn tan tanpa sêdyaa kyai |[256] kasasar saparan dika | ing urip punika lire | tan wontên kang tanpa sêdya | nadyan têtiyang mangan | awan warêk sêdyanipun | têtamba sêdya warasa ||

15. nanging wontên kang marani | sanèskarane pan kasap | anulya kawêrdi bae | pamilih bobohan ingwang | aja gunggung sarira | aja ngapêsakên [ngapêsakê...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma dan rombongan sedang berada di pulau yang bercahaya. Tampak Lembu Amijaya, Lembu Pengarang, Jatipitutur dan Pituturjati berjalan di belakang Dewakusuma.]

--- [f. 37r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 70 dari 121

[...n] tuwuh | prayogane dèn wêtara ||

16. dalile ingsun puniki | anèng sajrone kang sela | sapa kang asung pangane | supandene nora pêjah | basa kang sampun lumrah | iku patut lawanipun | pikirên Dewakusuma ||

17. Dewakusuma lingnya ris | bênêr ujarira dindang | balikan ta sira kiye | têka anguncupkên tangan | sapa kang sira sêmbah | mênawi sira kalurung | dadine nêmbah ing tawang ||

18. yèn tan wruh sira ngabêkti | marang kang dununge sêmbah | alêmpara tuwas gawe | sira tapa jroning sela | tandhane ratu rayap | awake amudhak[257] lêmu | sumaur bangal sang dindang ||

19. kawula nêmbah puniki | tan anêmbah tawang-tuwang | anêmbah awakku dhewe | kalihdene sêdyaningwang |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Dewakusuma heran melihat katak sedang bertapa di dalam batu, yang ditunggui tokek dan bunglon.]

--- [f. 37v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 71 dari 121

dadosa Ratu Jawa | kèdhêpa parintah ingsun | kajrihana parangmuka ||

20. sapangrunguning tumuli | bêndu Sang Dewakusuma | iki patut yèn pinatèn | anggêpira ingkang sasar | nêmbah awake dhawak | sêdyanira dadi ratu | apa sira iki murtat ||

21. dening basanira dhingin | patut kalane ngong mirsa | wêkasan lair salahe | munapèk kang kaya sira | apa ta durung mirsa | yèn ingsun kang ngatak ratu | atêr[258] ing nusa Jawa |[259]|

22. sang dindang cinandhak aris | baune kalih sinuwal | têkèk bunglon wus pinatèn | Jatipitutur angucap | lah mara apadua | ing dadine aranipun | ing kono gonira nyata ||

23. kang dindang sigar apalih | baune [ba...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma mematahkan bahu katak menjadi dua dan membunuh tokek dan bunglon.]

--- [f. 38r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 72 dari 121

[...une] nulya angucap | hèh Dewakusuma age | tingalana jajanira | tumulya tiningalan | sang dindang tapa amuwus | ana apa jajanira ||

24. Dewakusuma nauri | ana tanggal ping patbêlas | dindang tapa lingnya alon | ana apa jroning tanggal | lah payo tingalana | Dewakusuma amuwus | ana arupa manusya ||

25. lanang rupane apêkik | iya ta kaya manira | sabarang salêlewane | alatah-latah sang dindang | lah iya iku ingwang | hèh Dewakusuma bisuk | sira ngambung dakar ingwang ||

26. Dewakusuma tan angêling |[260] anulya nupak baita | lêstari ing lautane | barat agung alimêngan | ngulukakên tunggara | têlatah sabrang kapungkur | jêjêgi têlatah Jawa ||

27. samata-mata ningali | juru malim ing sêksinya | ing gununge wong Carêbon | baita pating karêthap | ganderanira sinang | laju lir krêndha mabur |[261] layare awarna-warna ||

28. sigêgên ingkang lumaris | Rahadèn Dewakusuma | sang dindang citranên malih |[262] baune dadi manusya | wadon kêlawan lanang | dadi èstri kiwanipun | bau têngên dadi priya ||

29. kapêrnah tuwa kang èstri | kapêrnah tuwa kang lanang |

--- [f. 38v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 73 dari 121

Ni Dèwi Sri kêkasihe | Ki Sêdana ingkang lanang | raganipun pan dadya | dênawa saliwah agung | rumêksa ing Sri Sêdana ||

30. akayangan ing pratiwi | anèng bumi ing akasa | buglon[263] Sri Andêl wêstane | têkèk dadi Ki Jêjaka | bungglon[264] kadadenanipun |[265] tumut ngajawa tan kantun | arsa ing Mêdhangkamulan ||

31. tan dhêg gènnya lumaris |[266] wong papat apanthan-panthan | ngambah ing sêgara jêro | dya ngambah ing dharatan |[267] arayyan soring wrêksa | ing têpi jurang aparung | ajro pêtêng alimêngan ||

32. suwaraning toya kumrincing |[268] anjog ing jurang kêrangkang | curing lir waos landhêpe | ingkang kanin lun ingambah | adangu gènnya rayyan | têpine jurang aparung | angaub soring

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma dan rombongan melanjutkan perjalanan berlayar menuju pulau Jawa.]

--- [f. 39r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 74 dari 121

aksana[269] ||

33. Ki Sêdana angêling aris |[270] maring ingkang punang raka | kawula mangke kang êmbok | wiyose ayun akrama | angsala kadya dika | sapulah salewanipun | mugi ta kêlampahana ||

34. Dèwi Sri lingira aris | adhuh nyawa sanak ingwang | têka angèl jalukane | lagi tumon kaya sira | manawa na wong kêmbar | padha lawan rupaningsun | pirangbara yèn angsala ||

35. kang rayi aturnya aris | sêjatine tan akrama | yèn dedea kakang êmbok | kang yogya anjampènana | kangbok tulak mêlarat | yèn supami botên kuntung | kawula lêhêng lêbura ||

36. Dèwi Sri kèmênging ati | tanbuh rasane kang manah | adhuh sanak ingsun anggèr | sira iku

[Ilustrasi]
[Redaksi: Jelmaan dari bahu katak (Dewi Sri dan Ki Sedana), bunglon (Sri Andel), dan Tokek (Ki Jejaka), mereka berempat sedang berbicang-bincang.]

--- [f. 39v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 75 dari 121

apa ngomyang | dening ta nora talah | cok jamaka sira iku | krama ulih padha kadang ||

37. mungguh jaman ingsun iki | apan ta durung winênang | wong ngrabèni sadulure | agêdhe dhêndhaning dewa | bisuk anèng dêlahan | amanggih siksa kang agung | dadi dhasare nêraka ||

38. aturnya amêlasasih | kang êmbok nadyan mêngkana | nora wêdi ing siksane | baya wis karsane dewa | ngrasa tan kêlar ngampah | yèn kang êmbok sulyèng kayun | lêhêng kawula pêjaha ||

39. Dèwi Sri lingira manis | dening tan kêna ngampaha | kêlangkung èmêng manahe | paran baya ngapa sira | pan iki bumi mulya | yayi mas durung ing usum | angalapna ingkang karam ||

40. tan kenging dèn suwalani | karsanipun Ki Sêdana | sabên isuk sabên sore | agung angajak panggiha | lir cucak andum wohan | saenggane bèthèt siwu | Dèwi Sri aris ngandika ||

41. yèn bangêta sira yayi | nora kêna ingsun ampah | payo mêngkene ukume | yèn ora padha nitisa | malêbu curing parang | ing Janggala sira bisuk | ingsun nitis ing Mamênang ||

42. Dèwi Sri lingira manis | lah payo sira dhingina | malêbu ing parang rèjèng | ingsun kapanggih ing wuntat | wus rêmbuk ing bicara | Sri Andêl [A...]

--- [f. 40r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 76 dari 121

[...ndêl] lan Jaka Bunglot |[271] sakawan sampun mupakat ||

43. kang samya ayun anitis | ing Ratu Mêdhangkamulan | wus miranti panganggone | samya aminggir ing jurang | ayun sami bacuta | ing tuwuh sadêmi iku | mila wirang yèn mundura ||

10. Durma

1. sasampuning sêdaya aminggir jurang | ing jro parang acuring | yèn toyanya kamrasak |[272] nanging datan katingal | Sêdana ingkang ngruwuni | amyur[273] ing jurang | sumyur anggane ênting ||

2. lir galêpung rêragane Ki Sêdana | Sri Andêl anututi | gêlundhung ing jurang | ragane ting palêsat | Jaka Bonglot anututi | aniba jurang | raga kadi pinipis ||

3. Ni Dèwi Sri miranti pinggiring jurang | langkung giris ningali | kala duk lumiyat | mring kang lumêbèng parang | prasamya kadya pinipis | wantu wanudya | kirang

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewi Sri termangu dipinggir jurang melihat Ki Sedana, Sri Andel dan Jaka Bonglot melompat ke dalam jurang dan tubuhnya hancur berkeping-keping.]

--- [f. 40v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 77 dari 121

sêtya ing pati ||

4. kasaputên Dèwi Sri giris kang manah | ningali ing rayi |[274] balung ting palêsat | katêmpuh curing parang | manahe kadya ingiris | kang êluh mêdal | karuna jrone ngati ||

5. pratignyane kang kaetang jro wêrdaya | yèn sambata sang dèwi | adhuh ariningwang | kêdah bobota sira | dene tan angeman urip | nyawa riningwang | baya karsane Widi ||

6. lir enggane sarira iku upama | wayang munggèng ing kêlir | sipating wisesa | dhalang ingkang amurba | nanging sampun salah tampi | kang sêdya mirsa | ing kăndha basa nitis ||

7. bênêr uga dèn aranana dupara | wong mati urip maning | mungguh crita sarak | jêr iku basa molal[275] | nanging wirange ing budi | apa salahnya | yèn kinarsakêna urip |[276]|

8. balik iki sêdya nitis ing Jênggala | tampine kang anulis | wus katara ing lirwa |[277] dudu carita nata | mênggah jamang[278] ngong puniki | kilap ing kuna | kranane maksih kapir ||

9. malar-malar manira iki sêdaya | luputa marang sisip | dening nimbal warta | ujare kăndha Jawa | kang badhe mênawa ngèsti | carita Buda | tanwilana dèn bêcik ||

10. wus tatela iki carita kang kiwa | aja dipun rasani | apan dipun jarak | ujare [ujar...]

--- [f. 41r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 78 dari 121

[...e] kang angreka | têngênêna yèn suwawi |[279] luputa karam | iku supaya dening ||

11. basa nitis yèn kuwawi basaning kang | ngalam durunge jimin[280] | kala nrima ajal | lir enggane cinithak | măngsa kaliru ing titis | barang niskara | dèrènge sampun rupi ||

12. ngalam jisim anane sampun gumêlar | jatine sampun dadi | iya ing matlumat | tampine rasaning kang | sayugya angati-ati | kăndha punika | bilih kaliru tampi ||

13. êluhira tumètès dadi manusa | èstri warna yu luwih | Ni Unon namanya | minăngka ingkang rewang | Dèwi Sri kawêlasasih | kagyat tumingal | yèn wontên tiyang èstri ||

14. nulya napa Dèwi Sri marang kang ana | sintên sinambat ing sih | pundi kang pinăngka |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewi Sri terkejut melihat tetesan air matanya menjelma menjadi wanita cantik bernama Ni Unon.]

--- [f. 41v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 79 dari 121

manira katambêtan | kang tinanyan matur aris | jatine kula | tinitahkên puniki ||

15. kêdadiyan ing êluh ijêngandika | karsaning Sang Yang Êning | kadya jêngandika | sami atêpa rowang | kawula bilih suwawi | alêbur tapak | salampah dika ngiring ||

16. Dèwi Êsri wontên lêgane kang manah | ngrasa agadhah kanthi | wus ta payo talah | padha mintar lolonan | anurut paraning sikil | Ni Unon majar | kangbok inggih suwawi ||

17. dhèrèk karsa kawula dhatêng ngiringa | Ni Sri nulya lumaris | anêrajang wona | nusup angayam alas | wona gung panggriting sungil | tumurun jurang | minggah sasêngkan inggil ||

18. anglêlangut nêdhênge kang wraksa kurdha | kang

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewi Sri ditemani Ni Unon berjalan masuk ke hutan.]

--- [f. 42r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 80 dari 121

samar angayomi | agêng agêrotan | bandhil ari[281] gumêratan |[282] katêmpuh angin agêndhing | putung asêmpal | pêjatèn yom atimtrim[283] ||

19. Êsri Unon samarga arêreyongan | ngambah krakal acuring | mudhun minggah sêngkan | wayah tumiling arka | wraksa gung samya ngungkuli | kurda pulêtan | kadya sundhula langit ||

20. randhu alas mêrambate sêmbunggula | pule mrabat[284] kacipir | sangsaya alunta | ngambah kakêsan macan | warak gajah lawan babi | banthèng mênjangan | kancil kêlawan babi ||

21. ting garopak sakutu walang ataga | samya atuduh margi | yèn ta angucapa | hèh batur sumingkira | aja padha kumawani | lamun parêka | ngidêk tapaking gusti ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, kedatangan Dewi Sri dan Ni Unon disambut hewan-hewan hutan seperti ingin menunjukkan jalan.]

--- [f. 42v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 81 dari 121

22. Êsri Unon lampahe sangsaya lêpas | langkungi pirang ardi | lamine sêmana | tan ayun yèn dhahara | kalindhih dening rudatin | wraksa akathah | sêdhêng samya ngêmohi ||

23. yèn jalmaa kaya lamun asêgaha | rèrèna kang lumaris | gusti dika dhahar | manggis kêlalyan duryan | Dèwi Sri tan arsèng bukti | pudhak mêkar pang | kadya wong ngacarani ||

24. sumyar-sumyar gandane mambu kusuma | pucang ababar sari | lir kadya ngawea | mring kang lagya lumampah | mampira gusti kariyin | mangke lajênga | lamun adus sadhidhik ||

25. agêlasah woh manggis kêlawan duryyan | yèn ngucapa sang manggis | gusti dika dhahar | [...] |[285] bilih anggèr dhahar gadhing | kadya kang tilas | tamane wong kang dhimin ||

26. andong wilis kala jajar lan andong bang | sinêlan kayu puring | ngong awari binang | lan wong awiri rêtna | wong arumpuk wong ataling | lan puspacapa | jajar lan kang capiring ||

27. Êsri Unon lampahe kang saya kêbat | nugêl wana malipir | sarya nasak-nasak | gêlagah lang-alangan | wijung lumayu aguwik | kancil malumpat | kagètira sang kancil ||

28. ênêngêna punggêlên ingkang carita | wontên kacapa[286] malih | Ni Răndha Cabega[287] | dhukuh Mêdhangkamulan | lagya ngambil gadhong [ga...]

--- [f. 43r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 82 dari 121

[...dhong] jati | lawan palasa | gedhong[288] kabringkak-bringkik ||

29. cêritane ni răndha Mêdhangkamulan | liwat dènira miskin | griyanipun misah | sêsakanipun jarak | pêpayoning gadhong jati | pagêr kalaras | agriya soring wuni ||

30. sabên dina ni răndha adol gadhongan | pêlasa lawan jati | yèn atămpa arta | nora langkung sêkawan | dèrèng nanggapi pêpicis | gênêp sêdasa | sêlawase aurip ||

31. ni bok randha anasak-nasak ing wona | kagyat duk aningali | yèn wontên wanujya | kêkalih sami prapta | wrênane ayu linuwih | Răndha Sambega | jêngêr tan kêna angêling |[289]|

32. nini răndha mangsêh cêngêng gènnya mulat | pênyananipun pêri | êjin pêrayangan | kinêdhèpakên musna | ni răndha sêmu wêdi |[290] Êsri atanya | pundi wastane ngriki ||

33. Ni Sambega langkung gêtuning wêrdaya | ngoplèh dènira angêling |[291] ing Mêdhangkamulan | sira sarare apa | dening ana ing wonadri | anaking sapa | ngêndi wismane gusti ||

34. lan ta sapa aranira karo pisan | Sri Unon anauri | bibi tanpa wisma | alit mila ing wona | kidang mênjangan nusoni | ngêmulan [ngêmula...]

--- [f. 43v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 83 dari 121

[...n] mêrak | akandhang mega langit ||

35. datan imut kawula ing yayah rena | aran kula Ni Êsri | Unon aran ingwang | satuwuk ngong kasihan | ni răndha wêlas ningali | nulya angucap | maring Ni Dèwi Êsri ||

36. apa gêlêm ta sira sun pupu anak | yèn kaparênga ugi | sêmbada lan sira | rara sira pikira | aduwe biyang wong miskin | kang yogya pala | yèn gêlêma ta nini ||

37. Dèwi Êsri sumaur lamun sudia | amipil kawêlasasih |[292] saurnya ni răndha | gusti dhuh sun nyawa |[293] satuwuk ingsun ing mangke |[294] kapingin anak | muka têkane miskin ||

38. Ni Dèwi Sri Ni Unon karo kinusya | lah payo padha mulih | wus ginendhong sigra | jati lawan pêlasa | putrane tinuntun kalih | prapta ing wisma |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewi Sri dan Ni Unon bertemu Mbok Randa Sambega.]

--- [f. 44r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 84 dari 121

răndha bungah kapati ||

39. asêsugun lah padha sira linggiha | anggèr ing bale gêrit | alinggih ni rara | tambuh dèn suguhêna | ni răndha malêbêt mijil | ing wismanira | têka marêbês mili ||

40. ayun adang nanging datan darbe bêras | marmane manjing mijil | emut ing wardaya | lamun adarbe badha[295] | yèn asimpên sêkul aking | ing pêdaringan | nuli dipun tiliki ||

41. kêgawokan ni răndha ningali bêras | bêk pêdaringan iki | sêkul lawan ulam | katêmu anèng salang | sambêl jangan sakuwali | lalap-lalaban[296] | pête terong lan ranti ||

42. ana dangdang kuwali kêkêp lan panjang | têtuwung pinggan piring | gawok jêngêr mulat | sapa kang asung baya | kapanane ana iki | bêjane nyawa | awake Nini [Ni...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, mereka diangkat menjadi anak Mbok Randa Sambega, kemudian diajak pulang ke rumahnya.]

--- [f. 44v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 85 dari 121

[...ni] Êsri ||

43. alon ngucap lah nyawa padha rêrayyan | sapa wèh sêkul iki | ulam sêkul jangan | sêrta lalab-lalaban | wêwadhah panjang lan piring | mangke ni răndha | arsa ngisèni kêndhi ||

44. duk cinandhak kêndhi kêbêk isi toya | kênthong[297] wus isi warih | saya kagawokan | mandêlo sarya ngucap | nora duga ing puniki | mêdal ni răndha | anyangking panjang kêndhi ||

45. wus jêmaos sarupane rêrampadan | payo dhahara gusti | Êsri Unon majar | dhatêng andika dhahar | satuwuk manira urip | brăngta ing pangan | pinêksa datan apti ||

46. Ni Dèwi Sri Ni Unon aris angucap | dika dhahar pribadi | aimbuh ni răndha | sêkul ulam lan jangan | sambêl lalap pête cêring | cungkurangeyan | eca dènira bukti ||

47. pan têmbene amangan akanthi ulam | lan jangan sambêl ranti | pragagah ing panjang | amuluk jajenggeran | dènnya mangan malah tuli | cangkême enak | wêtênge ambayahi ||

48. malah lali ni răndha amupu anak | labête eca bukti | wêtênge lir pêjah | cangkême maksih enak | nora kêlar anadhahi | tutuk ing dhadha | ditok aimbuh malih ||

49. juhing emut ni răndha aduwe

--- [f. 45r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 86 dari 121

anak | jubure amiyosi | kapêntut ping sanga | wêkasan mêtu tinja | cacinge anurut sikil | emut ni răndha | mingsêr ngisuhi tai ||

50. adhuh nyawa anak ingsun asirama | nuli barèha[298] nini | yèn wis agêganda | nuli sêsarèhana | kasur rambut tikêr dami | datan winarna | dalu anulya injing ||

51. nulya mangkat ni răndha adol gadhongan | wus pinapag ing margi | gèn bêbakul Mêdhang | dirêbut padha tumbas | gadhonge tan ana kari | malah sewata | răndha nanggapi picis ||

52. Ni Sambega katêmbe nanggapi arta | akathah amung mangkin | midêr-mêdêr[299] pasar | rayyan amilang arta | eman tuku barang-baring | amung ta kupat | kêlayan cabuk bacin ||

53. dèn cumponi amung tuku kupat tiga | lan krupuk nulya amulih |[300] eling ing dalan |[301] abali tuku kêmbang | wawêkasing Ni Dèwi

[Ilustrasi]
[Redaksi: Mbok Randa Sambega berpamitan kepada Dewi Sri dan Ni Unon akan pergi ke pasar menjual daun-daunan.]

--- [f. 45v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 87 dari 121

Sri | kang têngga griya | wêrnanên Ni Dèwi Sri ||

54. anênêdha ing Yang Sukma Dewanata | sungana griya mami | sumaktane pisan | tumuli tinurunan | griya bangsal pagêr jati | mawi jêjaban | kadya dalêming mantri ||

55. saisine bangsal gêbêre leregan | pêpajangan ngêbêki | bantal lan kêndhaga | wastra kèh ing sampiran | pêthi kasur lan guling |[302] kaca bênggala | rineka ing artate |[303]|

11. Dhandhanggula

1. sapraptane ing pasar apangling | Ni Sambega lampahe srang-srangan | lali wismane pêrnahe | têka ngalor angidul | têkèng kilèn abali maning | katuju anakira | Ni Sri Unon mêtu | anguwuh biyange răndha | adhuh biyang andika marang ing ngêndi | ing ngriki griyandika ||

2. kagèt ni răndha cangkelak balik | atêtakèn [atê...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Sepulang dari pasar Mbok Randa kebingungan mencari rumahnya yang telah berubah menjadi megah, kemudian Ni Unon keluar rumah dan memberitahu.]

--- [f. 46r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 88 dari 121

[...takèn] ki griyaning sapa | Sri Unon aris ature | dalêm andika biyung | kakangira lah ana ngêndi | inggih atêngga griya | ni răndha kagêtun | nulya malêbèng ing wisma | putranira Dèwi Sri mêthuk ing kari[304] | ni răndha suka bungah ||

3. nulya lênggah asung ulih-ulih | cabuk bubat karupuk lan kupat | sarta lan kêmbang gantale | Ni Dèwi Sri angatur | sêkul ulam rampadan piring | sawarnane woh-wohan | nèng bokor atumpuk | sawise ngaturan dhahar | Ni Dèwi Sri angaturakên ing bibi | kabèh isine griya ||

4. Ni Dèwi Sri jêngêr aningali | alèhira[305] ngêndi iki nyawa | sumaur dewa kang awèh | Ni Sambega abêcu | bucuk busèt dening abêcik | manjing ing pasarean | Ni Dèwi Sri atur | sinjang wastra ing sampiran | gangsal lirang rangkêp pitu dènnya tapih | kakêmbên rangkêp sanga ||

5. tan winarna kang sampun amukti | wontên ingkang ta punang carita | kang wus lawas ing rawuhe | Dewakusuma sampun | dening têtaruka ing Jawi | Tuturjati amujya | lan Jatipitutur | ragane Dewakusuma | kinèn ngadêg ing Janggala dadi aji | myang Lêmbu Amijaya [Amija...]

--- [f. 46v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 89 dari 121

[...ya] ||

6. kinon ngadêk prabu ing Kadhiri | Lêmbu Pangarang ngadêg Gagêlang | Singasari wuragile | ipe kang ngadêg ratu | kang ayogya Ki Tuturjati | papata jadhi êmpat | dinumakên sampun | Udanawarsa[306] Jênggala | Jayasinga pêpatihe ing Kadhiri | Jayabadra Gagêlang ||

7. Jayakajêmba ing Singasari | Kilisuci dadya parêbutan | anuli ayugya malih |[307] dya Kilisuci têlu | Kili Selamalèng Kadhiri | ing Gagêlang Jênangan | kang sakutunipun | kang panêgêk Wanasaba | ri sampune mangkana Ki Tuturjati | amêtik dhatêng wayah ||

8. pamêtike ya Ki Tuturjati | Jatipitutur samya mamêkas [mamê...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewakusuma beserta kedua adiknya Lembu Amijaya dan Lembu Pengarang sudah mulai bermukim di tanah Jawa.]

--- [f. 47r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 90 dari 121

[...kas] | ing benjang ngong wangsul malèh | lamun ana wong rawuh | tambuh sangkan-sangkane bijing | malêdhok saking sela | iya iku ingsun | nulya merat ing kayangan | kang sal dewa mulih dadi dewa maning | kalihe sampun musna ||

9. Kili Wonasaba kang winarni | duk amudya ing dewa bêthara | anabuh kêntha[308] kakêlèng | sarwi abuwang kutuk | mênyan agêng acilik kucing | ing sanggar pamêlêngan | dewane tinênung | tumurun Bêthara Surya | hèh Ni Kili sira pa mudya samèdi | apa kang sira têdha ||

10. apa sira akurang amukti | dene mêngko sadulure lanang | samya angagêk[309] ratune | apa ta ayun-ayun | dening sira wus ayu luwih | apa ayun akrama | yèn sih nêdha ayu | sira wus punjul ing papak | Kilisuci aturnya norakên dhiri | dalih patik bêthara ||

11. apranata Dèwi Kilisuci | botên pisan yèn anêdya krama | nanging kawula yaktose | dami dasih satuhu | dèn karsakna dening sang yokti | amongmonga sarira | kaping kalihipun | mugi sakadang kawula | dèn tutugna dènira dados nêrpati | turun ing yayah rena ||

--- [f. 47v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 91 dari 121

12. kalihdene panuwuning dasih | ingkang têdhak ing wona pucangan | sitên sinambat kasihe | kawula maksih bingung | angandika sang mayang yêkti | ingsun Bêthara Surya | amung sira putu | Kilisuci ngrêndah jiwa | sampun tanggêl gènira ayun udani | ing samata kapala ||

13. ayo babo putuningsun iki | gawok têmên sira ayun wikan | ing dewa saha wayahe | mênawa sira putu | yèn anungna dèrèng kuwawi | aja babo ta aja | akèh sira jaluk | aja samêloking pisan | matur malih Rêtna Dèwi Kilisuci | asru panuwun kula ||

14. yèn mêngkana sira Kilisuci | kêdah têmên sira anom cahya | mêngko ingsun lairake | nanging sira dèn kukuh | alya awor ta ingkang dasih | dene amcal[310] wrana |[311] saking panjalukmu | tan dangu nuli ngatawang | sawayane wujude katon damêling[312] | Kilisuci aniba ||

15. kasaputên ing wayah wiyati | nura imut ingkang păncadriya | wuk kalindhih pandalihe | sapandulon acampuh | anglir kilat abarung thathit | upama Panjangputra | tumiba ing watu | su[313] rêmpu tanpa jamuga | Kilisuci nikmate langkung kêpati | wêkasane awawrat ||

16. itung kêdhèp wêtêngane Kili | tan alama [ala...]

--- [f. 48r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 92 dari 121

[...ma] anulya ababar | amiyos jalu putrane | warnanipun abagus | gilang-gilang cahya nêlahi | langkung dènira wirang | dene gadhah sunu | alèhe[314] tan mawi krama | apan wahdat cinarita Kilisuci | aturnya awotsêkar ||

17. paran pulah kawula ing binjing | yèn kawêntar dening ing akathah | sakêlangkung ing wirange | lêhêng pêjah katèngsun | lamun gêsang anandhang isin | pasthi lamun dinakwa | palah[315] kang tan mungguh | ngandika Bêthara Surya | aja susah dene rewang jabang bayi | pasthi nuli sun gawa ||

18. wruhanira benjang jabang bayi | ingsun titahakên ing Mamênang | dadia pangaubane | kranane ratu gabuk | larang anak milane nini | uwis sira karia | ingsun nuli mantuk | anakira ingsun bêkta | ja bisturu amit manira amulih [amu...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewi Kilisuci bersemadi di sanggar pemujaan didatangi Betara Surya.]

--- [f. 48v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 93 dari 121

[...lih] | galêgêr nuli musna ||

19. dyan warnanên sang sri narapati | Maharaja Mahdewakusuma | ing Jênggala kêdhatone | sampun wibawa santun | angrèhakên ing nusa Jawi | nanging ta pinarapat | mila kadang ratu | kinajrihan parangmuka | ingga sabrang prasamya atur upêti | nungkul mring sri nalendra ||

20. wus angombang punggawa lan mantri | ing Janggala karajakanira | sampun pêpêk kaprabone | asugih garwa ayu | kêdhatone suwarga rakit | agêgêng[316] pagêr bata | miwah alung-alun[317] | wringin kurung sakêmbaran | ancak suji atêpung sitine radin | nêgara langkung gêmah ||

21. nagri êloh sarwa ajinawi | dene pasir awukir ajêmbar | panjang apunjung kuthane | cinatur sang aprabu | baudhêndha anyakrawati | ambêk kang sarta boja | sabdane lir racun | sri nalendra wus pêputra | samya jalu warnane apêki-pêkik[318] | wantune garwa kathah ||

22. wontên malih pawongane aji | saking Kêling angsale sêmana | andhèrèk marang gustine | purwanipun rumuhun | putri Ratu Wandhan sayakti | ing Wandhan duk sêmana | kalah juritipun | Prabu Kêling kang abêdhah | milanipun putrine binêktèng Kêling | dhapure dadi tawan ||

23. nuli mêngko tinutkên sang aji | dadi juru bêthêke

--- [f. 49r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 94 dari 121

sang nata | anèng pawon paturone | akuthah lêbu awu | langkung dening kawêlasasih | widadare sêmana | Nikèn Jurutanjung | midêr-midêr langlang jagat | aningali juru bêthêking sang aji | langkung dènira wêlas ||

24. dening dhingin angsal saking putri | Raja Wandhan widadare mirma | ya ta ingungkulan age | asalin warna ayu | kasorotan ing tujung[319] wilis | sang prabu ing Janggala | brăngta alêlayung | anilip tingal ing garwa | sri bupati ing pawon gènnya ngrawuhi | tan etang awor lêmah ||

25. mung sapisan gènira apanggih | nulya ngandhêk sang putri ing Wandhan | wus ngarêpakên êlèke | awirang sang aprabu | apatutan kêlawan unin | linêbêtakên jublang | ingurugan sampun | pinêndhêm urip-uripan | jro kaluwat apadhang gènnya ningali | umah bangsal samêkta ||

26. pagriyane Sang Dèwi Prêtiwi | Putri Wandhan anulya ababar | miyos jalu ing putrane | Bêthara Kala tulung | rewangira Dèwi Pêrtiwi | ibune nulya pêjah | jabang bayi sampun | jinajulukan Ki Bongkang | ingaranan Ki Karya Laudapati | dening urip lan lêmah ||[320]

27. Bêthara Kala anyuratèni | dinulang sela wêsi kêmboja | waja wêsi ing sikute | malela waja tunjung |

--- [f. 49v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 95 dari 121

pura lawan wêsi wêrani | wêsi putih wêsi abang |[321] kuning dadu wulung | wêsi ijo lan mêngangkang | wêsi biru alidhah wêlela wêsi | garu lalabanira ||

28. kêlawon-lawon agêng bêbayi | kaki Bongkang takèn yayah rena | marang wau kakèkane | Bêthara Kala muwus | adhuh nyawa bapa kyai |[322] sira tan duwe rama | lara gêdhang putu | ibunira tan akrama | apêputra babo sira nyawa gusti | iku karsaning dewa ||

29. talingane lir kadi sinêbit | kaki Bongkang duk pamirsanira | tansah ginêgêt wajane | angrasa inanipun | yèn èstua tan darbe darmi | lêhêng angur matia | tan ajamat[323] tuwuh | Bêthara Kala tumingal | yèn kang wayah langkung sakite kang ati | sêkala langkung maras ||

30. milanipun tansah ngarih-arih | adhuh anggèr putuningsun nyawa | aja sira [si...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Ki Bongkang (Ageng Bebayi) bertanya tentang ayah ibunya kepada kakeknya (Betara Kala)]

--- [f. 50r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 96 dari 121

[...ra] sakitake | jatine sira putu | babo duwe sira sudarmi | kang yugya marang sira | nanging ingsun putu | durung ayun ajarwaa | karanane manawa tan ngaku gusti | têmahan wuwuh wirang ||

31. punang wayah tansa[324] briga-brigi | Dewa Kala jinthoke cinandhak | tinêngakakên janggane | bangkekane jinujung | wus tininggil ayun binanting | sambat kang ayugya |[325] tan etang wong sêpuh | Dewa Kala langkung maras | jêlah-jêlih sêlèhêna[326] ingsun dhingin | mêngko sira sun wêjang ||

32. nulya nisèlèhkên[327] kang kaki |[328] ya ta wau Sang Bathara Kala | sarêng camêngkok bêgogok | ing Jênggala Sang Prabu | ramanira anulya amit | sigra anundhul dhulang | prapta Jênggala wus | malêbêt tanpa larapan | kaki Bongkang wus panggih lawan sang aji | nanging tan ingakêna ||

33. sri nalendra

[Ilustrasi]
[Redaksi: Ki Bongkang menemui Raja Jenggala, tetapi tidak diakui sebagai anak, sebagai bukti kalau dia benar-benar anaknya maka tidak akan mempan dihujami pedang berkali-kali.]

--- [f. 50v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 97 dari 121

wêcananya manis | lamun sira èstu putraningwang | payo tampanana kiye | yèn dudu pasthi lêbur | kaki Bongkang panggah tan gingsir | anitri[329] sri nalendra | ing panubakipun | lir enggane Panjangputra | duk sinosok ing alang-alang tan busik | sinipat kalatoka ||

34. tan tumama sakèhe kang wêsi | sri nalendra angêrsara[330] wirang | dèh[331] prih lunganira bae | yèn nyata putraningsun | abanguna tapa ing wukir | ing besuk tumuruna | lamun yèn wis tutuk | marmane Ki Bongkang lunga | anèng gunung angajar-ajar wêwêsi | amatèkakên raga ||

35. Rêtna Padukasiku[332] ta uwis | apêputra jalu wis anama | Ki Brajanata wastane | putri Kêling cinatur | liwat saking dènira iring | sang prabu ing Kuripan | tansah apulang yun | duk manjing ing guwagarba | Sang Sêdana uwusa ing sri bupati | paringe sacumbana ||

36. pyuhing rara[333] sang putri ing Kêling | sacampuhe rasane wanudya | Sêdana angalih ênggon | tumitah ing sang ayu | ra Sêdana anèng sang putri | parênge nulya wangwrat[334] | sêmana sang ayu | wus prapta ing pasêmayan | duk ababar abêdhah lambunge kering | rêtna dèwi kantaka ||

37. miyos jalu ari-ari gêni | putri Kêling ta anulya seda | tangis [tang...]

--- [f. 51r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 98 dari 121

[...is] lir gêrah syarane | sang sri bupati kantun | tangis angêlir ngrubuhna langit |[335] nyai ing Wanasaba | tan pêgat asayut | amung pimut rayinira | hèh sang prabu ing urip wêkasing mati | iku sipat kawula ||

38. anggira yayi ing gêdhong wêsi | yèn rinudak[336] dening sang wewehan | măngsa sadaya[337] patine | bêjane kang wus lampus | yakti manggih suwarga adi | kang kantun tan kantênan | tan wande sumusul | tanbuh benjang uripira | yayi prabu sampun liru ambêk dasih | marang kang among jagat ||

39. wicaranên kang maksih aurip | kang wus mati tinitah ing dewa | drapon lêpasa parane | balikan yayi prabu | putranira kang lagi lair | pêkênira sambuta | tumulya sinambut | pêkênira wastanana | ingaranan Panji Inukêrtapati | Ki Kuda Rawisrêngga ||[338]

40. Gagak Pratala pêparapnèki | Radèn Putra Sandi ing Karipan[339] | pan wau ari-arine | musna kadadènipun | ingaranan Bramana Kali | kêkawah kadi buta | saliwah puniku | gêtih sari dadi dewa | warnanipun lir wulan pêrnamasidi[340] | wêwadhah dadi yaksa ||

41. dewa kawan punika asinggih | sami rumêksa wau ing radèn putra |[341] sampun cinandhi ibune | duk jabang

--- [f. 51v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 99 dari 121

bayi mêtu | tan antara katiban kêris | kathahipun sêkawan | dene wastanipun | Kalamisani satunggal | Kalanadhah kêkalihe wastanèki | Pulêng lan Kalacakra ||

42. tan antara katurunan malih | gong gamêlan pun Rambut Paradhah | babar sapisan barênge | sêsotya pan tumurun | aran Rambut Nilabêsuki | kuda Dhalangantêban | gajah namanipun | iya pun Jakamiruta | lan pangirit wêwuruk pun Paharsari | kabèh iku têtiban ||

43. sri bupati langkung saking asih | mring kang putra langkung trêsnanira | nadyan akèha putrane | tan kadi sang abagus | tur kinadhang[342] gêntosi aji | dadi prajurit ngalam | dikjayèng prang pupuh | arabia kawan dasa [da...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewa menganugerahi gajah dan kuda saat Panji Inukertapati lahir.]

--- [f. 52r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 100 dari 121

[...sa] | pra biyada warnane kang ayu luwih | sang nata gènnya ngundang[343] ||

44. dyan sinambut putrane sang aji | ingêmbanan sarya kinidungan | bisuk yèn pait gêtihe | nora krama wak ingsun | yèn dedea kadang pribadi | putrane yayi nata | ing Kadhiri bisuk | wis lama saya diwasa | radèn putra sapolahe dèn turuti | dene rama sang nata ||

45. milanipun sang sri narapati | sakêlangkung gènnya mudya-mudya | marang kang putra wiyose | dening tinilar ing ibu |[344] pan kinarya pangarêp ati | dening sri naranata | trêsnane kêlangkung | mring Putra Sandi Kuripan | dyan akèha putrane sri narapati | baguse punjul dhawak ||

46. andina-dina gènnya cangkrami | radèn putra andon sabèng wana | dèn iring panakawane | kèrêm ing kat

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, dewa juga menganugerahi empat keris atas kelahiran Raden Panji. Dewakusuma sangat menyayangi Panji Inukertapati.]

--- [f. 52v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 101 dari 121

bêburu | angupaya kidang lan kancil | banthèng lawan mênjangan | kathah gènnya antuk | milane andina-dina | radèn putra atêgal ing wona sungil | wau ingkang kacapa ||

47. wontên jalma kalih samya prapti | ing ngarsane Jaka Kasatriyan | nanging têtambuh angsale | ujare kang atutur | saking wona angsale dhingin | balêdhak saking sela | tanpa bapa ibu | sadyane atut pungkuran | sarasane rahadèn ngandika aris | marang kang lagi prapta ||

48. Kae Jaka wuwusnya amanis | sira iki têtiyang punapa | dene ta wikan sangkane | punapa sêdyanipun | lan malihe sinambat ing sih | manira katambêdan | maring paman lêmu | gawokan rahadèn putra | aningali lêmune amarêk ati | dening rêsêpkên manah ||

49. aturira kang tinanyan kalih | wong idêran inggih tanpa wisma | angêlawung [angê...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Saat berburu di hutan Raden Panji bertemu Prasanta dan Prajudih.]

--- [f. 53r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 102 dari 121

[...lawung] sagon ênggone |[345] dêlap ingkang anguwuh | pun Prasănta lan pun Prajudhih | yèn sêmbada ingkang karsa |[346] sêdyèng ngawu-awu | sumawita nglêbur tapak | lamun kangge ajalmaa dados dasih | radèn arum saurnya ||

50. sukur sèwu lamun dika sudi | akêkancan mring sapadha-padha | sok ugi kêrnana bahe | manira tanpa dhusun | tanpa sawah tan duwe bumi | manawa nora rêna | Prasănta umatur | dhuh gusti gonku ngawula | botên pisan yèn ngarêp-arêp prayayi | amung angungsi pangan ||

51. wus lêstari Prasănta Prajudhih | wulucumbu mring rahadèn putra | sapalah-palahe dhewe | saba ing wona gunung | saya kèrêm rahadèn mantri | ingga sawêngi wona |

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, tampak para pengawal Raden Panji ketika berburu di hutan.]

--- [f. 53v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 103 dari 121

kalih dalu kundur | mantuk dalêm kasatriyan | sapraptane kadeyan padha angiring | sami nuntun mênjangan ||

52. ya ta wau sang sri narapati | aningali marang ingkang putra | kalawau sadhatênge | wontên karasa kalbu | ingkang jinêmpana ing angin | mendahane ta baya | mênangana ibu | ing mangke sampun diwasa | radèn putra sêdhênge mêpêk birai | tansah anyipta krama ||

53. radèn putra wus awali-wali | yèn tinantun radèn akramaa | nanging ing mangke angluloh |[347] dèrèng pinarêngipun | ing sênênge Rahadèn Panji | Kai Jaka Katriyan[348] | rama lawas dulu | dening sampun wayahira | jêng birai sok anaa dirêmêni | mendah sukaning rama ||

54. milanipun Panji Wanèngpati | gaga andon sêsawah |[349] ana krasa pratignyane | ditya angayun-ayun [angayu...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Setelah pulang dari berburu, Raden Panji menghadap ayahandanya, Prabu Jenggala. Tampak Prasanta berada di belakang Raden Panji.]

--- [f. 54r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 104 dari 121

[...n-ayun] | lir cidarsa aminta riris | pangajapane tawang | amung kang kaetung | ing dalu kêlayan siyang | mila mangke bêburu mikat ing paksi | andina marang sawah ||

55. sabên dina mara asabin |[350] Ka[351] Prajudhèh lawan Ki Pratănta[352] | tan kenging pisah rahadèn | jêbar[353] sabinanipun | nora lama nuli mêlacuti |[354] dhasar êloh buminya | junge alêlurung | ping kuning dinulu sinang | abêranang atulus gadhonge wilis | wawulène saasta ||

56. wus mangsane sêdhêng dipun êni | radèn putra Jaka Kasatriyan | lumrah saking parentahe | marang wong-wonganipun | para mantri dhusun maminggir | dhukuh lan pagunungan | para mantri dhusun | sarta ambêndhe têngara | Ki Prasănta Prajudhèh sampun ngungdhangi[355] | mring patinggine desa ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Prajudih serta pengawal Raden Panji juga ikut menghadap Prabu Jenggala.]

--- [f. 54v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 105 dari 121

57. sarupane nora tampik jalmi | sapa wonge duwe anak prawan | najan rodha[356] wulanjare | kala ing dina bisuk | padha tumêkaa ing sabin | krana padha dêrêpa | sawahe dèn bagus | pacuhan aja tan ora | sapa wonge yèn budhèng prentahe gusti | pasthi kêna tatrapan ||

58. padha nganggo-agoa[357] kang bêcik | saduwe-duwene wong desa |[358] yèn tan mêtu binalaèn | ya ta sampun sumawur | parentahe Rahadèn Panji | kinarya pati tuwa | Ni Padukal iku | angratènana wong kathah | sêga jangan kinarya nginon-ingoni | sakèhe kang tumêka ||

59. sakèhe kang duwe anak èstri | malar piniliha ing rahadyan | mangke kasusrah arane | dene lamun abagus | pan jajahan wong desa tani | kang agriya atêbah | sanès warnanipun | kawarta yèn jinarahan [jinarah...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Panji diiringi Prasanta dan Prajudih setiap hari pergi ke sawah.]

--- [f. 55r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 106 dari 121

[...an] | sing anggadhuh pêrawan dipun jarahi | mangkana warta desa ||

60. milaning kang adoh-adoh prapti | lêlampahan sadina rong dina | kang sapasar prapta kabèh | kang sawênèh wong dhusun | anakira dèn pêpaèsi | dèn anggèni kang endah | awêdhak apupur | apêpilis apêparas | sêngkang bapang gêlunge abyor mêlathi | sêsinom măndra wela ||

12. Sinom

1. radèn putra kasatriyan | wong adêrêp dèn parani | sabên dika anèng sawah | tan angingon-ingoni |[359] bawone dipun pilih | malar tumana kang kantun | andina radèn putra | Dèwi Sri dèn anti-anti | ingkang raka sanggup panggih pasawahan ||

2. pan tunggal iku biyènnya | kang kinon angrêratèni | rare kang dêrêp sêdaya | pisah borèhe tan kari | sêkul ulam datan kari |[360] juwadah

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, tujuan mereka pergi ke sawah mendatangi orang-orang derep (buruh memotong padi) adalah berharap bisa bertemu dengan Dewi Sri.]

--- [f. 55v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 107 dari 121

wowohanipun | mèh sêpalih kang sawah | kang sampun têlas diani | ngundhung-undhung pantune rahadèn putra ||

3. sigêgên kang anèng sawah | wêrnanên Ni Dèwi Êsri | kang anèng Mêdhangkamulan | ni răndha liwat prihatin | dening amirsa wêrti | yèn jinarah kang agadhuh | anak rare pêrawan | andina dèn pêpiringi | Ni Sambega anake pinrih lungaa ||

4. lah babo sira lungaa | ingsun puniki awêdi | mênawi ingsun dèn jarah | pamirsa kawula kuping | sing sapa anggadhuhi | parawan pangrungunipun | mila sira lungaa | saparan-paranerèki | Ni Dèwi Sri amit marang bibi răndha ||

5. kantuna amukti suka | manira ngaturi pamit | ni răndha lingira ngucap | iya lungaa dèn agêlis |[361] Ni Dèwi Sri lumaris | Ni Unon tansah tut pungkur | dhatêng ing pêsawahan | kêkudhuh agendhong rinjing | cèlèng kamandhalu hu tut wuri |[362]|

6. yèn dhatêng ing pasawahan | cèlèng mêndhalu tut wuri | warnanên Radha[363] Sambega | sêkathahing Ni Dèwi Sri | lama-lama nudi |[364] donya tanbuh paranipun | kabegal kamalingan [kamalinga...]

--- [f. 56r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 108 dari 121

[...n] | samarga-margane miskin | mulih-mulih adol kayu gêgodhongan ||

7. liwat ni răndha nalăngsa | satilare Ni Dèwi Sri | tansah gadhuh-gadhuh tuna | wêrnanên Ni Dèwi Êsri | kang lumampah ing sabin | sang ayu sarya kêkudhung | cèlèng mêdhanu[365] mulat | mring sang dyah dipun tut wuri | sampun wikan sang rêtna yu marang sawah ||

8. sapraptanira ing sawah | Ni Unon lawan Dèwi Sri | sawahe ya lurah-lurah | parine tulus miyêkti | saasta engga luwih | wêwulèning ingkang pantun | cèlèng mandhanu mulat | ing sawah parine dadi | ayun mangan nuli kêna ing gulahan ||

9. anêrajang ingkang pêdah | cèlèng mandhanu akanin | ludirane muncrat-muncrat | cèlèng mandhanu wus mati | dadi ama kang gêtih | lêladhoh pala lir gabuk | muwah sakèhe walang | kèh ama sabin sawarni | Êsri Kunon[366] kararyyan[367] anèng galêngan ||

10. rinjinge kinarya lênggah | sarya anyukati êri | angatag ing arinira | dhuh yayi sira dhingin |[368] takon lamun ulih |[369] manira kene antun |[370] Unon lulya lumampah | tan dangu anulya prapti | ing ngarsane pakulih atêtanya |[371]|

11. sira iki ayun apa | amara ing ngarsa [ngar...]

--- [f. 56v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 109 dari 121

[...sa] mami | Bok Unon aris aturnya | dhapure kula puniki | ayun tumut ugi |[372] malêbêt pandêrêpipun | bilih ingidènana | paduka nglingira manis | nara kêna ingkang kaya patutira ||

12. tan kalêbu kaya sira | balik lunga dèn agêlis | Ni Unon nulya pamitan | wangsul kang raka kêpanggih | Dèwi Sri anakèni | kaya priye wartanipun | Unon aris aturnya | kakang êbok[373] dipun tampik | kawon dene kawuwu ing tiyang nistha ||

13. arum wijiling wêcana | Dèwi Sri marang kang rayi | adhuh nyawa sanak ingwang | bêcike balia maning | mênawa ta mênawi | wontên kawêlasanipun | nanging aja anganyang | bawone kang ani-ani | anrimaa najan sêkul lawan ulam ||

14. Ni Unon [Uno...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Padukal, orang yang ditugasi Raden Panji untuk mengawasi perempuan-perempuan pemotong padi.]

--- [f. 57r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 110 dari 121

[...n] lumiring karsa | awangsul dipun lampahi | tan etang isin wirang |[374] bobote ngupaya kardi | sampun dening panggihing | mring Rêtna Padukalipun | kêbo ginarokêna | Padukal iku dènnya ngling | nora sudi dêrêpakên kaya sira ||

15. apa sira durung mirsa | parentahe radèn mantri | kang dêrêp pêrawan kênya | anganggo kang sarya bêcik | lah dêlêngên ta iki | warnane kang para arum | amung ta sira dhawak | tanpa ngrasa sun wêstani | wus lungaa aja kakehan biranga ||

16. awakira awor lêmah | dinulu ngênêk-ngênêki | sandhangira tur mumohan | ginumbang kaya mamêdi | aja kakehan cêriwis |[375] ingsun nara ayun dulu | Unon nulya pamitan | samargi luhira mijil | sapraptane Dèwi Sri anuli tanya ||

17. adhuh babo sanak ingwang | kapriye apa ta ulih [u...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Ni Unon melapor kepada kakaknya Dewi Sri tidak diijinkan ikut derep (buruh memanen padi) oleh Padukal.]

--- [f. 57v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 111 dari 121

[...lih] | Ni Unon amênggah-mênggah | aturnya barêbês mili | kangbok andaya ugi | kalêbêta awak ingsun | dening sinikang-sikang[376] | isin kawula kêpati | dèn arani kawula kêkere pasar ||

18. Dèwi Sri pamirsanira | dening ature kang rayi | akathah ingkang kagagas | kang dados sakiting galih | dipun ujar-ujari | botên angsal inggih sampun | ingaran kere pasar | tumungkul luhira mijil | dening ketang nisthane ingkang sarira ||

19. sang rêtna anglulur pada | ing galêngan gènnya linggih | asambat ing jro wêrdaya | tumungkul marêbês mili | angurêbakên rinjing | kinêbat sarya amuwus | prayayi pasawahan | angkuhe kaya Kumpêni | bêlèh ora sawahmu dadi gêlagah ||

20. sakêdhap amalih warna | tupukan[377] pari wus dadi | gêlagah lan alang-alang | sakèhing ama wus prapti | kalane Dèwi Sri |[378] anyuthati sukunipun | ludira dadi ama | kagyat kang anjuru sabin | Ki Prasănta Prajudhèh pating guligap ||

21. ting saluthu nulya ngucap | buju butèl pari ênting | amalih dadi gêlagah | dhayok payo padha mulih | mring pasanggrahan aglis |

--- [f. 58r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 112 dari 121

padha matur mring gustimu | Radèn Sandi Kuripan | kapriye budine mangkin | Tuwan Pèkkong kaningaya gawe susah ||

22. Prasănta anuli prapta | ing ngarsane radèn mantri | tingkahe agawe gita | adhuh-adhuh idhih-idhih | macucu amandêlik | tan anyana bêndaraku | sawahe sampun sirna | tan wontên kantun sawuli | sami malih gêlagah lan alang-alang ||

23. kagèt tyasing radèn putra | dening wulucubu[379] kalih | ature Lurah Prasănta | rahadèn sigra lumaris | dening ayun yêktosi | amirsa ujaring tutur | Prasănta atut wutak[380] | rahadèn mriksa sabin |[381] iya bênêr ujare kakang Prasănta ||

24. sarêng kasanjata tingal | Padukal lan radèn mantri | gêpah anulya lumajar | Radèn Panji dèn parani | nulya dipun takoni | kadipundi tingkahipun | sabin dados gêlagah | Padukal iku dènnya ngêling |[382] wau enjang wontên èstri kalih prapta ||

25. anganggo jarit momohan | sarya anggêgendhong rinjing | awaking akuthah lêmah | ambune pating kalêcit | ardi kinira tampik | milane anuli wangsul | ya ta rahadèn putra | sarêng amirsa pawêrti | bêndunipun ing jaja bang winga-winga [winga-wing...]

--- [f. 58v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 113 dari 121

[...a] ||

26. mangkana rahadèn putra | anyandhak talêmpêk aglis | Padukal iku lumajar | gumrigik raosing ati | radèn kesah ngidêri | ing sawah nulya kêpangguh | Dèwi Sri ing galêngan | sarwi anglinggihi rinjing | nora samar rinangkul tur tinangisan ||

27. dhuh lawas têmên si kakang | manira anganti-anti | manira rèrèh ing taha | paman aji ing Kadhiri | dèrèng pêputra mangkin | malah ingaranan gabuk | milane ingsun kakang | rina wêngi saba sabin | pratignyane ing kina kapanggih sawah ||

28. ing mangke têkèng sêmaya | kang êmbok suwawi panggih | Dèwi Sri aris aturnya | adhuh sanak ingsun yayi | ingsun dèrèng anitis | tan wênang dening Yang Agung | yèn ingsun akumpula | lan sira mangke puniki | pasthi agêng tan dêrmaning yayi

[Ilustrasi]
[Redaksi: Padukal, Prasanta dan Prajudih kaget melihat sawah telah berubah menjadi ilalang, kemudian lapor kepada Raden Panji.]

--- [f. 59r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 114 dari 121

êmas ||

29. nadyan mangkanaa kakang | cilaka ingsun lampahi | tan etung dhêndhane dewa | jroning nêraka yamani | benjang kula lêboni | jêr kula ingkang ananggung | Ni Dèwi Sri angucap | arabia liyan yayi | dening ingsun angèngèr bahe ing sira ||

30. saure Jaka Satriyan | pratignya manira dhingin | kawula botên yun krama | yèn tan antuk dika binjing | sapindhah kakang dèwi | tanpa laki-laki bisuk | yèn tan antuk kawula | gêtêr patêr anauri | wus tinrima pratignyane maring dewa ||

31. radèn putra aputusan | Prasănta lawan Prajudhih | kinèn matura ing rama | ingkang putra atut sami | ing pasawahan manggih | ênting sukane sang prabu | tumulya agamêlan | anguyu-uyu sang aji | radèn putra ingajak mantuk kang raka ||

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Raden Panji akhirnya bertemu Dewi Sri dan Ni Unon.]

--- [f. 59v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 115 dari 121

32. lingira rahadèn putra | lah kakang ta nêdha mulih | lan ta malihing pun kakang | ulihêna sawah mami | kang kadya wingi uni | icala gêlagahipun | eman dadya lang-alang | antukêna pari malih | nulya ngadêg Dèwi Sri rinjing ingangkat ||

33. dèn tatabakên ing lêmah | nulya ula sawa mijil | saking rinjing satêrisan | ngidêri sawah tumuli | sampuning wingi uni | pantuning angundhung-undhung | Ni Sri kering ngacaran | mantuk marang dalêm puri | Rade[383] Putra anguyu andina-dina ||

34. wus mari asaba sawah | akasukan siyang latri | anging dèrèng kapanggiha | bawane ingkang inganti | amêpêk kêbo sapi | bras pari angundhung-undhung | pêpadyan gunung mênyan | sagara madu cumawis | liman tarap miwah ingkang badhawangan ||

35. amasthi

[Ilustrasi]
[Redaksi: Prasanta, Prajudih dan Padukal berjalan di belakang Raden Panji, Dewi Sri dan Ni Unon.]

--- [f. 60r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 116 dari 121

bawi maesa | andina ngingon-ingoni | nêngêna rahadèn putra | Padukaliku[384] winarni | putrane dèn adoni | Ki Brajanata nak ingsun | apa ta cacadira | durung rabi dèn langkahi | nora pincang nora picêk dhengkol sira ||

36. dèn langkahi dhengkol ura | dene dêlamu[385] aurip | angur ta sira matia | Radèn Brajanata runtik | bêndunira sinipi | anulya angasah dhuwung | surup sang yyang ruditya | tumulya gumanti wêngi | Radèn Bradanata[386] lumpa[387] adhustha |[388]|

37. wêrnanên rahadèn putra | ing dalu lêkas aguling | Dèwi Sri lan Unon ika | wong roro sare ing kathil | pasareane panti | nanging radèn kisah sampun | sumare anèng kambang | pinêtêkan kêmbar wujil | kang akêmit asirêp turu sêdaya ||

38. kang nguyu-uyu [nguyu-u...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Dewi Sri dan Ni Unon diajak pulang oleh Raden Panji.]

--- [f. 60v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 117 dari 121

[...yu] gamêlan | sêdaya sami aguling | praptane kang lampah dhustha | malêbu angliga kêris | ya wis anèng jro puri | anulya minggah bêbatur | anjujug pasarean | aningali wong aguling | nyananipun Dèwi Sri lan radèn putra ||

39. ing kathil dènnya anendra | karo wastra wau kalih | tumulya ginuco sigra | têrus anêratas kalih | pun Prasănta Prajudhih | aturu anèng bêbatur | kaidêg jinthokira | kagyat wruh yèn ana sandi | nulya alok ginêtak malumpat bata ||

40. alok-alok ingaboran[389] | uninga ing dyah kaning[390] |[391] wus katur mring radèn putra | tumulya lumayu agêlis |[392] sigra minggah ing kathil | anangis saryya angrangkul | baya sapa kang nyidra | Dèwi Sri tan kêna angling | radèn putra sambate kaya wanudya ||

41. anungkêmi [anungkê...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Brajanata membunuh Dewi Sri dan Ni Unon, Prasanta dan Prajudih memergokinya dan melapor kepada Raden Panji.]

--- [f. 61r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 118 dari 121

[...mi] kang kabranan | kakang paran palah[393] mami | yèn kasihe tinilara | kang kabranan wus pinêtik | puma nitisa binjing | ing Kadhiri paman prabu | bibi sore ing Daha | Ni Unon nitisa binjing | ing Urawan paman aji ing Gagêlang ||

42. ri sampunira mangkana | dyah kalih sarêng ngêmasi | Sandi Kuripan aniba | kasaputan limuting sih | saliripun aglis |[394] layoning sarya sinambut | kalih anulya musna | rahadèn aniba malih | sapandurat Putra Sandi ing Kuripan ||

43. salilire radèn putra | pêpungun sarya ngranuhi | tanbuh kang rinaosêna | mung tilase dèn tugoni[395] | supe ing dhahar guling | sarira sampun anglêyung | langkung kawêlasarsa | satilare Dèwi Êsri | dening musna têkan rêraganing pisan ||

44. tansah tumênga ing tawang | ciptane [cipta...]

[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Raden Panji datang menangis dan memeluk Dewi Sri dan Ni Unon yang telah tewas.]

--- [f. 61v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 119 dari 121

[...ne] Rahadèn Panji | ing ngêndi sun ularana | ana memba jroning ati | gumêrmêng Dèwi Êsri | pinaranan nulya langut | wayangan ingsun dhawak | cinêluk datan nauri | nara nyana kang êmbok mundhak kagungan ||

45. tanbuh rasane kang manah | amujung madyaning kathil | kampuh tilasing kang raka | pinulêt pinindha maksih | kinarya lipur wingit | malah sangsaya aliwung | Radèn Sandi Karipan | tan sarawang abêbisik | sasar-susur tambuh kang ingucapêna ||

46. kêrangeyan muging[396] têgal | lawas enggal dika anti | sawarsa kalih windua | kaingga purwana sitit | puwara têkèng pati | kabayane wong atandur | dende[397] tan kêlar ngampah | wadung pari sun wastani | kaningaya tega têmên ing kawula ||

47. saha pêthak wijil jawa | wilatung ingkang atulis | tingalana salah ingwang | wanudya kang dèrèng krami | laraku liwat saking | jala gung tampange kayu | krangkat kang sampun sirna | jae gung dipun kêboni | tuwas saos sun sênggih kaya tulusa ||

48. puspa cêmêng mungging têgal | sanggupipun dhingin asih | toya mijil ing sarira | ilinga jangjine dhingin | sapa ingkang cidrani | bêlèh ara rêmêk rêmpu | parikan jênang gula | săngga kasa munggèng bèji | kaimut aja [a...]

--- [f. 62r] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 120 dari 121

[...ja] lali ing ubaya |[398]|

49. kang carma rineka jalma | awayah polahe dhingin | duk ana ing asêl tunggal | gong alit kinarya ringgit | bubat pandaya pêksi | kalane duk maksih kumpul | jung pêthak mungging rawa | sêkar biru kang mrambati | tyas tratambak kaya dêlênga ing sira ||

50. ancur gêdhah mungging Cina | kang sêking amawi kalih | surasane ingkang manah | lir kwongkang asuduk gunting | manira tatu kalih | basane wong kulak pantun | dene gêrah awuyang | sabrangane ing Kadhiri | wèt mêngkene ngong labuhkên ing sêgara ||

51. tan wande angêlarung jiwa |[399] bêndha ijo nyai-nyai | liwat luwih gawe lara | kawula tan sagêd kari | wana tawang kyai |[400] alokna ing dewa gung |[401] sabrange Bêlambangan | kang sabin sêkar sêpalih | wis nracutên[402] yèn nara winangsulana ||

52. Prajudhèh lawan Prasănta | kêlangkung wêlas ningali | mring salahe[403] gustinira | tansah dènira ngaturi | dhuh bêndaraku gusti | adhuh abuh sawêwaluh | dhuh bêndaraku êmas | anggèr nganggea wêtawis | sampun sangêt gusti wilangun ing trisna ||

53. Radèn Sandi ing Kuripan | kakang Sănta liwat luwih | gon ingsun amêgat trisna | sun lali tan kêna [kê...]

--- [f. 62v] ---

Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12): Citra 121 dari 121

[...na] lali | radèn aminggah kathil | amujung aulês kampuh | tilasing ingkang raka | gêgulinge dèn sukêmi[404] | radèn sare Prasănta mungkur kalihnya ||

 


dintên. (kembali)
Tanggal: Ngahad sanga likure (29) Bêsar Alip: sèwu pitung atus lan satunggal (AJ 1701). Tahun dari tanggal ini tampaknya tidak benar. Tahun AJ 1701 jatuh pada tahun Jimawal dan bukan Alip. Bait pertama naskah ini hampir identik dengan Sêrat Selarasa (BL MSS Jav 28) yang bertarikh AJ 1731, dan dicatat dalam kedua naskah tersebut bahwa Nyonyah Sakèbêr adalah pemilik atau penggagas (kagunganipun). Kemungkinan besar kedua naskah ini disusun oleh penulis dan pelukis yang sama pada waktu yang hampir bersamaan. Mempertimbangkan hal ini, dan sebagaimana disimpulkan oleh Weatherbee (2018: 95), tahun yang seharusnya adalah AJ 1731 yang memberikan tanggal yang benar yaitu Ngahad 29 Bêsar Alip AJ 1731 (Minggu 31 Maret 1805). (kembali)
palupi. (kembali)
mandhingi. (kembali)
angungkurakên. (kembali)
Lebih satu suku kata: nêgari sari wiyar. (kembali)
dhingin. (kembali)
Terdapat variasi pada gatra kedua ini yang seharusnya memiliki guru lagu a. Namun, dalam 10 bait di pupuh ini, guru lagu untuk gatra keduanya adalah o, dan e untuk satu bait. Variasi ini tidak dicatat sebagai catatan kaki. (kembali)
Lebih satu suku kata: manglung wiyat panajême. (kembali)
10 mêndhung. (kembali)
11 pêmbayun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
12 wangkingane. (kembali)
13 panukmanya. (kembali)
14 jingga. (kembali)
15 pandam. (kembali)
16 kasusra (dan di tempat lain). (kembali)
17 Lebih satu suku kata: ing alun Kêling nagra. (kembali)
18 tanggon. (kembali)
19 obah (dan di tempat lain). (kembali)
20 Lebih satu suku kata: natèng Kêling nêgara. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: ajamang êmas mangkutha. (kembali)
22 asumping (dan di tempat lain). (kembali)
23 ingkang. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: mawi grudha mrêp ingkang. (kembali)
25 asêsêngkang. (kembali)
26 cindhe. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: gènnya anamur ing tyas. (kembali)
28 rumojong. (kembali)
29 janma (kembali)
30 Lebih satu suku kata: abdine măncanagra. (kembali)
31 ăndhamoi. (kembali)
32 panumping. (kembali)
33 panumbak (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
34 rewangnèki. (kembali)
35 anirbita. (kembali)
36 Lebih satu suku kata: wong nirbawa nirguna. (kembali)
37 munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
38 napsune. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: gêring kalawan rumat. (kembali)
40 angrogohi. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: anglayung kang alun-alun. (kembali)
42 sinambêran. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: rèhning nagri agung. (kembali)
44 sagodhong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
45 yaktine. (kembali)
46 beda. (kembali)
47 panginum. (kembali)
48 Biasanya guru lagu e(o). (kembali)
49 Lebih satu suku kata: samya nglangên ing warna asri. (kembali)
50 anèng. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: toya wêning kawuryyan. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: kadi burah samudra. (kembali)
53 nêkung. (kembali)
54 Lêmbu. (kembali)
55 Lebih satu suku kata: Lêmbu Pêngarang warnanipun sinigit. (kembali)
56 pêparab. (kembali)
57 akungkum. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: anganorakên raga. (kembali)
59 ngunjuka. (kembali)
60 kawasesèng. (kembali)
61 Lebih satu suku kata: kêsaputan de kasêrêp tumana lis. (kembali)
62 Lebih satu suku kata: kinuntungna karsane dewa kang luwih. (kembali)
63 benjang (dan di tempat lain). (kembali)
64 numpaka (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
65 Lebih satu suku kata: nulya numpaka prau. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: wus anêngah praune sang pêkik. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: Dewakusuma layare. (kembali)
68 samingguning. (kembali)
69 Kurang satu suku kata: kang dhingin dina Sêlasa. (kembali)
70 ngobahna. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: saupacaranèki. (kembali)
72 Lebih satu suku kata: rèhning jaga drigami. (kembali)
73 Lebih satu suku kata: ngêntèk karosan. (kembali)
74 lorodan (dan di tempat lain). (kembali)
75 Kurang satu suku kata: apa rasanya binjing. (kembali)
76 Lebih satu suku kata: pandhe yèn nyênyandhak. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: priyayi mănca ing sabrang kathah wirang. (kembali)
78 Lebi satu suku kata: ana ingkang kasliyo iganing jêpat. (kembali)
79 tambêtan. (kembali)
80 sintên (dan di tempat lain). (kembali)
81 Lebih satu suku kata: Lêmbu Miluhur dlape kang mastanana. (kembali)
82 Lebih satu suku kata: jalma papa nglampahi. (kembali)
83 andugi. (kembali)
84 Lebih satu suku kata: sira dêrma nglampahi. (kembali)
85 timbalana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
86 Kurang satu suku kata: binêkta ngayunan aji. (kembali)
87 Kurang satu suku kata: kalima pisan. (kembali)
88 Biasanya guru lagu i: pangudasmaraning. (kembali)
89 Lebih satu suku kata: dening kang kêkalih. (kembali)
90 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu o: anglir madu juroh. (kembali)
91 Kurang satu suku kata: putraningsun kaki sira radèn. (kembali)
92 Kurang satu suku kata: akramaa anèng nagri Kêling. (kembali)
93 tumancêb. (kembali)
94 Kurang satu suku kata: têngah alun-alun. (kembali)
95 Kurang satu suku kata: pramilane ing mêngko rahadèn. (kembali)
96 Biasanya guru lagu o: wilangon. (kembali)
97 marikêlu. (kembali)
98 rahadèn. (kembali)
99 Biasanya guru lagu e: lungguhe. (kembali)
100 konjêm (dan di tempat lain). (kembali)
101 Lebih satu suku kata: angling dera aji. (kembali)
102 Kurang satu suku kata: apa barang ta salamêtane. (kembali)
103 binêktèng. (kembali)
104 Lebih satu suku kata: gumêr syarane wong. (kembali)
105 lêjar. (kembali)
106 Biasanya guru lagu i. (kembali)
107 Biasanya guru lagu o: kêdhaton. (kembali)
108 jogedan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
109 lakon. (kembali)
110 Lebih satu suku kata: pinanganggèn sarta adi luwih. (kembali)
111 amêtis. (kembali)
112 Kurang satu suku kata: myang gumuruh syarane ingkang gamêlan. (kembali)
113 pirang-pirang. (kembali)
114 tontonan. (kembali)
115 satêngah. (kembali)
116 kang. (kembali)
117 Kurang satu suku kata. (kembali)
118 suprandene (dan di tempat lain). (kembali)
119 Kurang satu suku kata: mas ratu dèn agêlis. (kembali)
120 Pandamsêkar (dan di tempat lain). (kembali)
121 Lebih satu suku kata: ngêlasot dènnya abêkti. (kembali)
122 mingkung. (kembali)
123 rinonce. (kembali)
124 singsim. (kembali)
125 rinancang. (kembali)
126 syargi. (kembali)
127 Kurang satu suku kata: sasampunira mangkana. (kembali)
128 têdhak. (kembali)
129 Kurang satu suku kata. (kembali)
130 mangrêpa. (kembali)
131 Lebih satu suku kata: sampuning alênggah jajar. (kembali)
132 Lebih satu suku kata: sang nata angling aris. (kembali)
133 ajar. (kembali)
134 Lebih satu suku kata: atap anèng paseban. (kembali)
135 joli (dan di tempat lain). (kembali)
136 tumbak (dan di tempat lain dan bentukan lain). (kembali)
137 babulu. (kembali)
138 Biasanya guru lagu i: widadari. (kembali)
139 Lebih satu suku kata: klambi bapang rinukmi. (kembali)
140 tindake. (kembali)
141 Kurang satu suku kata: kêlayan kang para ratu. (kembali)
142 rokok. (kembali)
143 tunjung. (kembali)
144 botrawi. (kembali)
145 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: dening pra widadari. (kembali)
146 têksaka. (kembali)
147 intêning. (kembali)
148 Lebih satu suku kata: grimisan sarya endah. (kembali)
149 Lebih satu suku kata: lir manjangan mijil saking swargaloka. (kembali)
150 Lebih satu suku kata: swaranipun arum. (kembali)
151 Lebih dua gatra: gatra ke-3 dan ke-4 ada dua versi (dengan teks yang berbeda). (kembali)
152 Lebih satu suku kata: kakungira mèngsêm sarya angling. (kembali)
153 Kurang empat suku kata. (kembali)
154 amingkung. (kembali)
155 Kurang satu suku kata: tur sayugya wêlasa ing dasih. (kembali)
156 Biasanya guru lagu e. (kembali)
157 anrus. (kembali)
158 Kurang satu suku kata: kadi mêjahana ingkang urip. (kembali)
159 atangkis. (kembali)
160 Kurang satu suku kata: ginulingakên sang dyah atampik. (kembali)
161 Kurang satu suku kata: bantal susun samya angrubuhi. (kembali)
162 Biasanya guru lagu o. (kembali)
163 Lebih satu suku kata: paksi măndra gumêrah swarane. (kembali)
164 Lebih tiga suku kata: rame sata wona munya anjrit. (kembali)
165 Kurang satu suku kata: gusti dipun wungu. (kembali)
166 Lebih satu suku kata: simbar tumut nglayung. (kembali)
167 Kurang satu suku kata: lir paksi ponggong kasmaran radèn. (kembali)
168 Biasanya guru lagu i. (kembali)
169 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu o: supadma kêdhaton. (kembali)
170 Biasanya guru lagu o: gêdhong. (kembali)
171 Biasanya guru lagu e: pulèh. (kembali)
172 Lebih satu suku kata: yèn benjang sun swargi. (kembali)
173 pangêlipur. (kembali)
174 Lebih satu suku kata: sun karya panglipur. (kembali)
175 Kurang satu suku kata: bilih gusti ta lamun suwawi. (kembali)
176 Lebih satu suku kata: nadyan kula anèng swarga adi. (kembali)
177 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu o: sun duga anglamong. (kembali)
178 Kurang satu suku kata: kaya tan dadya ta kawiryane. (kembali)
179 Lebih satu suku kata: karagên-ragên ta sun têrsnane. (kembali)
180 sampun. (kembali)
181 kêlosodi. (kembali)
182 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu o: tan etang anglamong. (kembali)
183 Kurang satu suku kata: sang rêtna yu asêrêng kang ati. (kembali)
184 Lebih satu suku kata: karasèng wulangun. (kembali)
185 Kurang satu suku kata: dyan kinusya lan dipun sinjangi. (kembali)
186 Lebih satu suku kata: sarira anglayon. (kembali)
187 Kurang satu suku kata: maring sang karoron. (kembali)
188 rukmi. (kembali)
189 Lebih satu suku kata: sasab bludru kuning. (kembali)
190 sakèh. (kembali)
191 Kurang satu suku kata: ting cakikik sakèh para mundring. (kembali)
192 toyanya. (kembali)
193 anyêntur. (kembali)
194 Biasanya guru lagu o: anyêntor. (kembali)
195 mêncolot. (kembali)
196 Lebih satu suku kata: samya manglung sridênta galihe. (kembali)
197 Kurang satu suku kata: sumarsana amrik. (kembali)
198 sakloron. (kembali)
199 Kurang satu suku kata: gêlung alukar gandanira amrik. (kembali)
200 Biasanya guru lagu i: pracikaning. (kembali)
201 Lebih satu suku kata: turun saking swargi. (kembali)
202 Kurang satu suku kata: lir amintuna kêlayan mimi. (kembali)
203 Lebih satu suku kata: Sang Prabu Anom sih. (kembali)
204 wira. (kembali)
205 Kurang satu suku kata: dene sampun awibawa mukti. (kembali)
206 Kurang satu suku kata: kadya titir sang nata paringe. (kembali)
207 Kurang satu suku kata: mangke awrat atilar ing Kêling. (kembali)
208 wus. (kembali)
209 Kurang satu suku kata: amantuka marang nusya Jawi. (kembali)
210 Kurang satu suku kata: kang kadeyan lumêbêt kabèhe. (kembali)
211 Biasanya guru lagu i. (kembali)
212 Biasanya guru lagu u. (kembali)
213 Biasanya guru lagu o: kamisêpoh. (kembali)
214 Anom. (kembali)
215 Lebih satu suku kata: rèhên ing mangke pan sampun lami. (kembali)
216 êmbok. (kembali)
217 Lebih satu suku kata: baya kawlasayun. (kembali)
218 Kurang satu suku kata: punapa tan angrasaa mangkin. (kembali)
219 Lebih satu suku kata: dadya mlang atèni. (kembali)
220 mulanira. (kembali)
221 nora (dan di tempat lain). (kembali)
222 kasêngsêm. (kembali)
223 Lebih satu suku kata: Pituturjati dènnya ngling. (kembali)
224 angrewangi. (kembali)
225 binjing (dan di tempat lain). (kembali)
226 Lebi satu suku kata: sambate amêlasasih. (kembali)
227 benjang. (kembali)
228 Lebih satu suku kata: rèhning paduka jêng kakang. (kembali)
229 Kurang satu suku kata: yèn saupami kulina. (kembali)
230 Lebih satu suku kata: ana nèng nêgari Kêling. (kembali)
231 Lebih satu suku kata: sang kakung mondhong sarya ngling. (kembali)
232 Kurang tiga suku kata. (kembali)
233 Lebih satu suku kata: lara pêjah nglampahana. (kembali)
234 lila. (kembali)
235 Kurang satu suku kata: mendahe kiyai rama. (kembali)
236 Lebih satu suku kata. (kembali)
237 Kurang satu suku kata: ingsun iki datan anduwèni. (kembali)
238 anuntên. (kembali)
239 Kurang dua suku kata: dening ingkang putra angêjawi. (kembali)
240 Lebih satu suku kata: undhagi kêmasan pandhe sungging. (kembali)
241 pêsangon. (kembali)
242 Kurang dua suku kata: rerehane Prabu Anom kabèh. (kembali)
243 onêng. (kembali)
244 Kurang dua suku kata. (kembali)
245 Kurang satu suku kata: jung bakung lan pamêthingan. (kembali)
246 Kurang satu suku kata: jarong kalawan jagawan. (kembali)
247 Kurang satu suku kata: giyota kalawan wangkang. (kembali)
248 cêndhela. (kembali)
249 Biasanya guru lagu e(o): pêkakase. (kembali)
250 sinimpangan. (kembali)
251 pambêlah. (kembali)
252 Lebih satu suku kata: sinimpangan de pambêlah. (kembali)
253 Kurang satu suku kata: kedul wetan pêrnahipun. (kembali)
254 Biasanya guru lagu e(o): prayogane. (kembali)
255 rowange. (kembali)
256 Lebih satu suku kata: yèn tanpa sêdyaa kyai. (kembali)
257 amundhak. (kembali)
258 otêr. (kembali)
259 Kurang satu suku kata: otêr ingkang nusa Jawa. (kembali)
260 Lebih satu suku kata: Dewakusuma tan angling. (kembali)
261 Kurang satu suku kata: laju lir krêndha amabur. (kembali)
262 Biasanya guru lagu e(o). (kembali)
263 bunglon. (kembali)
264 bunglon. (kembali)
265 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: bunglon kadadeyannya. (kembali)
266 Kurang satu suku kata: tan kandhêg gènnya lumaris. (kembali)
267 Kurang satu suku kata: dya angambah ing dharatan. (kembali)
268 Lebih satu suku kata: swaraning toya kumrincing. (kembali)
269 angsana. (kembali)
270 Lebih satu suku kata: Ki Sêdana angling aris. (kembali)
271 Biasanya guru lagu u. (kembali)
272 Lebih satu suku kata: yèn toya kamrasak. (kembali)
273 ambyur. (kembali)
274 Kurang satu suku kata: ningali ingkang rayi. (kembali)
275 mohal. (kembali)
276 Lebih satu suku kata: yèn kinarsakna urip. (kembali)
277 Lebih satu suku kata: wus katara lirwa. (kembali)
278 jaman. (kembali)
279 Lebih satu suku kata: têngênêna yèn swawi. (kembali)
280 jisim. (kembali)
281 êri. (kembali)
282 Lebih satu suku kata: bandhil ri gumêratan. (kembali)
283 atintrim. (kembali)
284 mrambat. (kembali)
285 Kurang satu gatra: gatra ke-4 (7a). (kembali)
286 kocapa (dan di tempat lain). (kembali)
287 Sambega. (kembali)
288 gendhong. (kembali)
289 Lebih satu suku kata: jêngêr tan kêna angling. (kembali)
290 Lebih satu suku kata: ni răndha sêmu awêdi. (kembali)
291 Lebih satu suku kata: ngoplèh dènira angling. (kembali)
292 Lebih satu suku kata: amipil kawlasasih. (kembali)
293 Kurang satu suku kata: gusti dhuh ingsun nyawa. (kembali)
294 Biasanya guru lagu i. (kembali)
295 băndha. (kembali)
296 lalab-lalaban. (kembali)
297 gênthong. (kembali)
298 borèha. (kembali)
299 midêr-midêr. (kembali)
300 Lebih satu suku kata: lan krupuk nulya mulih. (kembali)
301 Kurang satu suku kata: eling ing dêdalan. (kembali)
302 Kurang satu suku kata: pêthi kasur lawan guling. (kembali)
303 Biasanya guru lagu i: artati. (kembali)
304 kori. (kembali)
305 olèhira (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
306 Kudanawarsa (dan di tempat lain). (kembali)
307 Biasanya guru lagu e(o). (kembali)
308 gêntha. (kembali)
309 angadêk. (kembali)
310 ambucal. (kembali)
311 Kurang satu suku kata: dene ambucal wrana. (kembali)
312 dumêling. (kembali)
313 suh. (kembali)
314 olèhe. (kembali)
315 polah (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
316 agênggêng. (kembali)
317 alun-alun. (kembali)
318 apêkik-pêkik. (kembali)
319 tunjung. (kembali)
320 Catatan redaksi: Prabu Jenggala (Dewakusuma) terpesona dengan Putri Wandan, diam-diam diajak bercinta, kemudian hamil dan sudah saatnya melahirkan, tetapi karena malu mengakui kemudian dikubur hidup-hidup, atas pertolongan Bethara Kala, Putri Wandan melahirkan anak laki-laki yang dijuluki Ki Bongkang (Ki Karya Laudapati) tetapi Putri Wandan meninggal. (kembali)
321 Lebih satu suku kata: wêsi putih wêsi bang. (kembali)
322 Kurang satu suku kata: adhuh nyawa bapa kiyai. (kembali)
323 jamak. (kembali)
324 tansah. (kembali)
325 Kurang satu suku kata: sambat ingkang ayugya. (kembali)
326 sèlèhêna. (kembali)
327 sinèlèhkên. (kembali)
328 Kurang satu suku kata: nulya sinèlèhakên kang kaki. (kembali)
329 anitir. (kembali)
330 angêrasa. (kembali)
331 dèn. (kembali)
332 Padukaliku. Bandingkan: Madukaliku (Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), hlm. 6 passim). (kembali)
333 rasa. (kembali)
334 wawrat. (kembali)
335 Lebih satu suku kata: tangis anglir ngrubuhna langit. (kembali)
336 rinusak. (kembali)
337 sandea. (kembali)
338 Catatan redaksi: Putri Keling meninggal dunia setelah melahirkan, kemudian anaknya diberi nama Panji Inukertapi. (kembali)
339 Kuripan (dan di tempat lain). (kembali)
340 purnamasidi. (kembali)
341 Lebih dua suku kata: sami rumêksa ing radèn putra. (kembali)
342 ginadhang. (kembali)
343 ngudang. (kembali)
344 Lebih satu suku kata: dening tinilar ibu. (kembali)
345 Lebih satu suku kata: anglawung sagon-ênggone. (kembali)
346 Lebih satu suku kata: yèn sêmbada ing karsa. (kembali)
347 Biasanya guru lagu e. (kembali)
348 Satriyan. (kembali)
349 Kurang tiga suku kata. (kembali)
350 Kurang satu suku kata: sabên dina mara asêsabin. (kembali)
351 Ki. (kembali)
352 Prasănta. (kembali)
353 jêmbar. (kembali)
354 Lebih satu suku kata: nora lama nuli mlacuti. (kembali)
355 ngundhangi. (kembali)
356 răndha. (kembali)
357 nganggo-anggoa. (kembali)
358 Kurang satu suku kata: saduwe-duwene uwong desa. (kembali)
359 Kurang satu suku kata: datan angingon-ingoni. (kembali)
360 Lebih satu suku kata: sêkul ulam tan kari. (kembali)
361 Lebih satu suku kata: iya lungaa dèn aglis. (kembali)
362 Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu a. (kembali)
363 Randha. (kembali)
364 Kurang satu suku kata: lama-lama nurudi. (kembali)
365 mèndhanu. (kembali)
366 Unon. (kembali)
367 araryyan. (kembali)
368 Kurang satu suku kata: dhuh yayi sira adhingin. (kembali)
369 Kurang satu suku kata: takona lamun ulih. (kembali)
370 Kurang satu suku kata: manira kene akantun. (kembali)
371 Kurang satu suku kata: ing ngarsanira pakulih atêtanya. (kembali)
372 Kurang satu suku kata: ayun atumut ugi. (kembali)
373 êmbok. (kembali)
374 Kurang satu suku kata: datan etang isin wirang. (kembali)
375 Lebih satu suku kata: aja kakehan criwis. (kembali)
376 siningkang-singkang. (kembali)
377 tumpukan. (kembali)
378 Kurang satu suku kata: kalane Dèwi Êsri. (kembali)
379 wulucumbu. (kembali)
380 wuntat. (kembali)
381 Kurang satu suku kata: rahadèn amriksa sabin. (kembali)
382 Lebih satu suku kata: padukal iku dènnya ngling. (kembali)
383 Radèn. (kembali)
384 Bandingkan: Madukaliku (Lampahanipun Ringgit Gêdhog, Leiden University Libraries (Or. 6428), hlm. 6 passim). (kembali)
385 dêlapmu. (kembali)
386 Brajanata. (kembali)
387 lumampah. (kembali)
388 Kurang satu suku kata: Radèn Brajanata lumampah adhustha. (kembali)
389 ingoboran. (kembali)
390 kanin. (kembali)
391 Kurang satu suku kata: uninga ing dyah akanin. (kembali)
392 Lebih satu suku kata: tumulya lumayu aglis. (kembali)
393 polah. (kembali)
394 Kurang satu suku kata: saliliripun aglis. (kembali)
395 tunggoni. (kembali)
396 mungging (dan di tempat lain) (kembali)
397 dene. (kembali)
398 Kurang satu suku kata: kaimuta aja lali ing ubaya. (kembali)
399 Lebih satu suku kata: tan wande anglarung jiwa. (kembali)
400 Kurang satu suku kata: wana tawang kiyai. (kembali)
401 Kurang satu suku kata: alokna ing dewa agung. (kembali)
402 racutên. (kembali)
403 solahe. (kembali)
404 sungkêmi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)