Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 13–26)
1. | Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 01–12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Panji Jayakusuma, British Library (MSS Jav 68), 1805, #1041 (Pupuh 13–26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 62v lanjutan] ---
13. Pangkur
1. salire radèn putra |[1] mangu-mangu tilase dèn tunggoni | kinarya panglipur wuyung | nara lali ing purwa | têmahane rahadèn kaya wong liwung | tanbuh kang sinambatêna | lir gudèl andêdagangi ||
2. tan wontên ingkang kaetang | lêngak-lênguk ketang kang sampun lalis | sirna têka raganipun | cuwa-cuwaning manah | dening dèrèng mulasara mayatipun | katuwane wak manira | kakangêmbok marang pundi ||
3. tega têmên para uga | kêkasihe tinilar kari brangting[2] | sun tutuh saliranipun | Panji sira matia | titahira katuwuk nandhang wilangun | adhuh kakiku jawata | awèh jodho mêradangi ||
4. udan isuk măndra sumyar | gantêr patêr barong kêlawan thathik[3] | awor jaladara mêndhung | galudhug gêlap liwêran |[4] baya iki têruhe wong agung limut | ketang kêladung kingkina | pratignya padha anitis ||
5. supami dika kusuma | anitisa sêkar wijayasari | kalembak ing laut kidul | kula anukmèng toya | anitisa kangêmbok lêgundhi wulung | kula nukmèng gagak pêthak | angalup-alup kang
--- [f. 63r] ---
sari ||
6. kangêmbok nitis dahana | pan kawula nitis kayu api |[5] sumadya apulang awu | pan nitis dipăngga |[6] kêkasihe anukmèng marang sang prabu | jabang wakul saupama | amêngkua punang Panji ||
7. kothak Jêpun kinuncenan | baya uwus pasthi sarira mami | tuwuk anandhang wilangun | sêkar rinujit panjang | tan kuwawi anduma barubah ingsun | salam sabrang saupama | lawase kula antosi ||
8. pang alit kang prinonggolan[7] | kadhal gaga ingkang asaba warih | sun tutuh sariranipun | widhêng saba leleran | dening têka parikudu kapiluyu | parikane balung sêmpal | sukmane kula tut wuri ||
9. kuwali pring awak ingwang | nyai-nyai ing ludira ingkang putih |[8] èmênge manah kêlangkung | gêlang munggi[9] rarosan | lali dhahar jala gung tampange kayu | karangkat kang sampun musna | layon jinênpalang angin ||
10. peso gung mawi wêrăngka | kudhangdhangan sastra sawusing alip | têmbe kawula kêpangguh | bêndha ijo dyah dewa | jae wana ènthènge kang jênar kakyuk | sarira payang-payingan | liwat luwih dening sakit ||
11. Prajudhèh lawan Prasănta | mênggah-mênggah wong roro ting karêthip | wêlasira lamun dulu |
--- [f. 63v] ---
marang ing gustinira | menthak-mènthèk angariyip mungging ngayun | arêrêpa muging pada | adhuh bêndaraku gusti ||
12. anggèr ta măngsa wontêna | iya pêjah wangsula urip malih | amrih lêjare mas bagus | lênggah ingkang sarira | lawas enggal pasthi ngong benjang ing susul | yugyane anggèr sukaa | mring titahing Sang Yyang Êning ||
13. wontên ingkang sampun lêpas | botên wontên asile dèn raosi | malah dadia crita gung | amêtêngi ing dalan | kang lumampah têmahe kêsandhung-sandhung | kalihdene kula mriksa | wong kêpatèn andon kingking ||
14. kalih dados ponteanak | pan gêrawah isine gègèr bêling | kawula giris angrungu | bilih kadya punika | radèn putra amèsêm sajroning kalbu | amirsa ujaring Sănta | dene kaya bocah cili ||
15. nganggo winêdenan dokan | kakang Sănta sun gugu agugoni | manira pan sampun sêpuh | gumuyu Ki Prasănta | milanipun sayugya nihani rusuh | dene radèn wis utama | sêdhênge andum paminggir ||
16. agèr[10] sampun kasamaran | titahing Yang akèh warnaning margi | sakèh mulat tambung laku | sampun ta lalaworan | pangagêmpe[11] jatine atunggal tuwuh | pêjah băngka lan kabranan | saurnya Rahadèn
--- [f. 64r] ---
Panji ||
17. iya bênêr kakang Sănta | sabasane dudu kang ngêlakoni | ingkang kaya awak ingsun | witning-witning kang Sănta | sun sabili nanging mêksa kudu nglangud | micara sing ora-ora | luh mijil lantaran pipi ||
14. Mijil
1. kaku manahe Rahadèn Panji | musna ing paturon | mung kadeyan ingkang dhèrèkake | tan wontêna wong kêmit udani | saicale mangkin | Radèn Marabangun ||
2. pan wis katur mring sri narapati | bêndune sang katong | dene kacawêngah ing karsane | pêlista lire badhe jabang bayine |[12] gêlar păncaniti | binuwangan sampun ||
3. tanna karya mangke aningali | lolos sang akatong | nara ayun andulu tilase | ing putrane trisna sang aji |[13] dhatêng putra Kêling | mila sang aulun ||
4. myang punggawa sakèh putra kê |[14] saicaling sinom | Sang Apanji jêr iku gustine | apan iya tinut ing wong Kêling | milane ngêjawi | anut gustinipun ||
5. yèn ta aja wontêna Apanji | pan wus ilang kang wong | têtaline supaya ta mangkin |[15] ing Jênggala têmahe asêpi | marmane sang aji | kêlangkung sahipun ||
6. manjing mijil ing wona kang sungil | wau ing sang katong | amung kudhi têrancang dhuwunge | wus asupe ing dhahar lan guling |
--- [f. 64v] ---
langkung suba kingking | musnane kang sunu ||
7. nulya Adipati Maospait | sumusul sang katong | angaturkên parêkan dhapure | rayinipun putri Maospait | susrah sabumi |[16] ngaturkên sang prabu ||
8. sarta mangkin ingaturan mulih | marang ing kêdhatun |[17] nuli kundur pinondhongan rajèng | saking gunung wus anèng jro puri | putri Majapait | ginantoskên ratu ||
9. sampun lali caturing sang putri | wus patutan roron | Lêmpungkaras jalu pambajênge | wêrnanipun bêranyak asigit | wuragile èstri | wêrnanipun ayu ||
10. Dèwi Anêngan ingkang kêkasih | wêrnaning pinujul[18] |[19] sri nalendra kêlangkung trisnane | mila suda anênge sang aji | dening aningali | maring para sunu ||
11. wis cinatur putrane sang aji | satus ujaring wong | Dyan Jêjêtan sang dyah wastane |[20] Dyan Gadhingan Antunan [Antuna...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Adipati Majapahit menyusul Prabu Jenggala dan menghadiahkan adiknya sebagai pengganti ratu Jenggala.]
--- [f. 65r] ---
[...n] anuli | Panji Sutra sigit | Sutrana abagus ||
12. dyan kathaha putrane sang aji | tan kadi sang anom | putra Kêling kang dadi têrsnane | minăngka woh manahe sang aji | kinăndha ing binjing | gêntosing sang prabu ||
13. nanging dèrèng lipure sang aji | arsa mring wona gung |[21] langkung sangêt angêlawung jiwane |[22] sang subrata anorake dhiri | kalulun alindhih | anèng ajar ajur ||
15. Metrum (tidak diketahui)[23]
1. nêngêna kang winuwus sang prabu | sigêgên nulya gumantos | babakaning ya ta wau | kang kacèpa anèng wiyat | sukmanira Dèwi Êsri | tan pisah lan raganira | layang-layang | nanging ta datan anunggil ||
2. sukma Unon atut pungkur | rantang-runtung | angêliwati mega tipis | ing witane | sukma raga jati raga | mapan-mapan sumêdya titis Kadhiri | Unon sumêdya Gagêlang | anitaha [ani...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Roh Dewi Sri dan Ni Unon melayang-layang di angkasa.]
--- [f. 65v] ---
[...taha] | andum paran sukma kalih ||
3. wontên malih kang winuwus sukma Ngêrum | sukma Ngêrum sêmana lagi ngêjawi | ya purwane | putri Ngêrum maksih gêsang | anupêna | apanggih lan Radèn Panji | sawungune dènnya nendra ngu pungunnya | amung cipta Radèn Panji ||
4. katingalan siyang dalu | saya wibuh kang mêlaratên nuli mati | sukmane banjur ngêjawa yun nitisa | sêdyane marang Kêdhiri | ing mêngko sampun prapta nusya Jawa | apanggih lan sukma Êsri ||
5. sukma Sri duk andulu mring sukma Rum | nulya tinanya glis | sintên ing sih | lan pundi ingkang pinăngka | pan sinêdya | sukma Ngêrum aturnya ris | kawula ing tanah sabrang | milaning kang angêjawa ayun laki ||
6. sukma Êsri gumuyu | dhapuripun | anginggahi Radèn Panji | rèhning mangke durunge ingkang sinêdya | titahira sukma Rum saurnya manis ||
7. yèn mêngkono nunggal kayun | layan ingsun | nanging ta dèn sami-sami | lamun sudi | kawula amit anasak | mring yayi mas | dadia sudara wèdi | sukma tiga papan-papan | sami rêmbak anduma rahayu nitis ||
8. awor lawan mebu wona | pêtêng limunan kakêlaban | kilat barung lan thathit | jêlajat kang ayun titah | udakara | udakara pitung dina pitung bêngi ||
9. nulya sidhêm kayun-kayun | tan [ta...]
--- [f. 66r] ---
[...n] karnantung | sami ratan miyosi | sirêp êning yang pradăngga tan amimba | lamun siyang | amung sadina sawêngi | jêlajate kang ayun titah | sukma tiga barêng samirana mijil ||
16. Mijil
1. dyan sinigêg wicarane dhingin | gênti winiraos | ing Kadhiri pinurwa tuture | wus alama jênênge nêrpati | mukti nyakrawati | abaudhêndha gung ||
2. pira laminya kala ing mangkin | tan pêputra katong | sakèhe ngusada prapta kabèh | ajajar kêlawan wêwasi |[24] kinèn ngusadani | drapona asunu ||
3. sakèh pra tapa nabani[25] |[26] marang ing sang katong | nanging dèrèng katrima sêdyane | ajar asusun kadya kakêndhil | awirang sang aji | garwa anglagye gung ||
4. dhasar kathah garwane sang aji | tan paputra kang wong | garwa ingkang atuwa karsaning |[27] Ratu Êmas Dèwi Lêbusyami | anake pratapi | misih darmanipun ||
5. Ratu Êmas Kêndhana Kêndhini | jalu ingkang sêpuh |[28] Mênggung Kalamisani rane |[29] dhagah[30] putra èstri maksih cili | Sri Yadal Wurupi | pangayap nranipun ||
6. wus ingambil dine[31] bibi syari | ing Girikêdhaton | alit mêlaka pangambile |[32] ning pangapdène ingkang bibi |[33] garwane sang aji | kang anom winuwus ||
7. Kalungbantên wastane sang dèwi | Madura salnya wong | piwurwaha angrêng nata mangkin |[34] duk amudya sarta ingkang syami | tingkahnya [tingkah...]
--- [f. 66v] ---
[...nya] sang aji | ngutuk mênyan madu ||
8. sarta gêndhong lan kakêlèng muni | sêsajène akèh |[35] tumpi[36] ijo dadu lan kuninge | tumpêng abang biru lawan putih | lan bêkakak babi | têka êndhasipun ||
9. lan bêkakak bocah datan kari | dewane tinênung |[37] panêdhane kasinungan mangke | pingin putra raganipun mangke |[38] ya ta amiarsi | syarane ing luhur ||
10. ujare suwara marang sang aji |[39] dewa ingkang agung |[40] lamon sira arsa-arsa radèn | Prabu Daha mangkya matur aris | nuhun sang dewaji | paringana sunu ||
11. lêlubana[41] mêngko marang kali | pêlabuhan kono | konên tumut garwanira kabèh | miwah sakèhe para dipati | lêlumbana mangkin | pêlabuwan putu ||
12. lah ta puma putuningsun aji [a...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Pelabuhan sungai di Kediri.]
--- [f. 67r] ---
[...ji] | aja kabisturon | payo ta lah mangkata dèn age | wus karia ulun arsa mulih | nuhun sri bupati | dènnya amituhu ||
13. ri sampunnya sang sri narapati | amêpêk punang wong | para mantri ran punggawane |[42] sampun mêpêk pêsangone sami | baita cumawis | ing mara apênuh ||
14. sawarnane pêsangon cumawis | mring baita akèh |[43] juwadah myang sakèh wowohane | sêkul ulam kawuwusa malih | cêngkrama sang aji | myarsa garwanipun ||
15. myang gamêlan lir amindha jurit | wau ing sang katong | ginarêbêk ing gêgaman gêdhe | urung baya sampun dèn titihi | sagarwane ngiring | alayar sêlobok |[44]|
17. Asmaradana
1. sagarwa wong dalêm puri | myang mantri punggawa [pung...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Prabu Daha beserta istri dan para punggawa mantri bersenang-senang naik perahu di sungai dengan membawa berbagai macam makanan dan buah-buahan.]
--- [f. 67v] ---
[...gawa] kathah | myang cangkrama wulusane | sajêng lawan sêkul ulam | sawarnane juwadah | wawohane kadya gunung | dèn unggahkên ingkang palya ||
2. gamêlan munya angrangin | miwah dêdamêl sêdaya | lêladhu umbul-ubule[45] | dalêdak lawan gandera | kumbala mrak lan singa | kadi jaladara mêndhung | sang prabu wus mugèng palya ||
3. baitra akèh-akèh angiring |[46] mudhik milir ing bêngawan | wênèh anjajari bae | jêjatèn lan jêjagoan | nora kêna winilang | sakèhe mantri tumênggung | samya amawi gamêlan ||
4. dèn pindha-pindha ajurit | samya inguwaran surak | lumintu kang sajêng badhèk | lêlawuhe kasamêktan | sadina akasukan | anjala ul ing kêdhung |[47] sal tămbra sabantal-bantal ||
5. rèrèn palyane aririh | prasamya agiyak-giyak | nginum sajêng alok huse | sarta sami buwang kopyah | alêlap-alêlapan | duk sira wau sang prabu | kagèt ningali kêndhaga ||
6. anganyut lembaking warih | andêrês[48] sêtoring[49] toya | Dewa Sumerang angsale | punika ingkang abucal | ya ta sri naranata | kalihan ing garwanipun | sang nata sarêng amulat ||
7. kêndhaga cinandhak aglis | nuli [nu...]
--- [f. 68r] ---
[...li] wau ingukaban[50] | sang nata jêngêr tingale | dening ana bayi jabang | cahyane gilang-gilang | pinaringkên garwanipun | ya sira dènira tanggap ||
8. kalanira ta sang aji | bungahe marwata suta | dene têmbe manggih rare | dhasare kapingin putra | mangke wus kaduluran | anulya lami akundur | ginarêbêk pra punggawa ||
9. sang nata sukane ênting | têmbe mangke angsal putra | jalu abagus rupane | anuli sinungan nama | Rahadèn Pêlabuhan | minăngka sunu pêbayun | tur kinarya pangauban ||
10. Sri Narapati Kêdhiri | sakêlangkung dening rêna | pa dèrèng ibu sore |[51] milane anggung kasukan | sakèh wong dalêm pura | tuhu rame syaranipun | tanapi mantri punggawa ||
11. sampuning alami-lami | Dèwi Lêbu Surwaningrat | sukma Sri iku panjine[52] | dumunung ing guwagarba- | nira Ni Lêmbusyara | wawratane sampun sêpuh | ababar miyos wanudya ||
12. kalung usus lair jungkir | ing dina Buda Cêmêngan | rintên ing wayah têngange | jabang bayi gilang-gilang | ciri bau laweyan | ana mungsêr remanipun | saandhape bun-êbunan ||
13. tan wontên jalma udani | gènepun arewang bocah | wong
--- [f. 68v] ---
sadalêm pura kabèh | anuju prasamya kesah | miwah sri naranata | gya cangkrama taman santun | amung marune kang ana ||
14. lan pêngayap maksih cili | durung wruh ing subasita | kaluban têka renahe | dhasare sampun ngupaya | [...] |[53] akarya cidraning tanbuh | lumaku manah tan arja ||
15. kapidhara ratu puri | dangunipun sapandurat | Dèwi Kalungbantên gipih |[54] mulat sang rêtna kantaka | Kalungbantên akêbat | angambil anaking asu | karsane ginêntèkêna ||
16. sinalinan jabang bayi | kêlawan anaking suna | dene garwane sang anom | jabang bayine ingalap | anuli tinabêla | linarung bêngawan kenyut | kasangsang anèng bêbara ||
17. juru bayang aniliki | gèn ingsun masang bêbara | juru bayang sapraptane | nuli anon ing tabêla | sigra wis ingukaban[55] [ing...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Ketika Dewi Lembusyara pingsan saat melahirkan, Dewi Kalungbanten menukar bayi yang dilahirkan dengan anak anjing.]
--- [f. 69r] ---
[...ukaban] | juru bayang kagyat dulu | dening kagyat isi bocah ||
18. èstri ingkang jabang bayi | cahyane gumilang-gilang | saklangkung bungah manahe | iya ki juru misaya | dene amanggih bocah | èstri akêkalung usus | jru pamayang nuli ngêmban ||
19. sampunnya anuli mulih | ing wismane juru mayang | angêsèngi ing rabine | rubiyah sira tămpaa | esun amanggih bocah | pandugane atiningsun | dudu anake wong rucah ||
20. katarèng cahya nêlahi | nanging aja wara-wara | mênawa mirsa wong gedhe | sira mong duwènana |[56] rubiyah sigra tămpa | rênanira sakêlangkung | susune dèn păncawara ||
21. anulya dipun susoni | sarta babêngkung wawêdhak | ijo kuning papilise | sarya ngamalakên wêjah | rèng-orèng
[Ilustrasi]
[Redaksi: Seorang pencari ikan (Juru Mayang) menemukan bayi perempuan putri Lembusyara yang dihanyutkan ke sungai oleh Dewi Kalungbanten.]
--- [f. 69v] ---
ngobok mayang | akêkêmbên puspa limbung | mantun rewang bayi anyar ||
22. sampunnya alami-lami | garahe ingkang atăndha | amrih enggale lakone | alama ginêlisêna | têbah kinarya cêlak | ya mêngkana balikipun | sayugya dèn maklumana ||
23. sêmana sampun alami | wayahe rumaja sêkar | Căndralata kêkasihe | wêdanane nrang purnama | sêdhênge sasadara | jru mayang liwat sihipun | marang Rêtna Căndralata ||
24. kalihdene caritaning | juru mayang gadhah anak | Jaka Karumbang namane | sinadulurakên tuwa | kêlawan Cadralata[57] | sakêlangkung gènira tut | mirsa dhèrèk tunggal yusya ||
25. kunêng kawuwusa malih | Ratu Mas Lêmbusuraya | gène dènnya [dè...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Juru Mayang memberikan bayi yang ditemukannya kepada istrinya. Segera istrinya berdandan layaknya seorang ibu yang baru melahirkan serta menyusuinya.]
--- [f. 70r] ---
[...nnya] rewang rare | têka ababar camêra | mila dados grumungan | satêngah ana gagêtun | basane nara kayaa ||
26. apadene sri bupati | angrèh sahandhang wirang |[58] liwat saking kèmêngane | garwaning gènira babar | têka mêdal camêra | pandakwanira sang prabu | baya akirda lan nana[59] ||
27. emut duka sri bupati | marang Ratu Lêbusyara | anuli kinubonake | ingaran kirda lan sana | sangêt gènira wirang | sêmang griya[60] sang aprabu | minggah ing sanggar lagatan[61] ||
28. aminta dewa sang asih | yèn gadhaha putra lanang | tinênung amung dewane | gêntha kakêlèng ginayang[62] | sarta akutuk mênyan | saêndhase gajah abuh | nulya syara kapiyarsa ||
29. hèh sira Prabu Kadhiri | yèn ayun aduwe putra | ngalapa kêmbang dèn age | karyanên akarya bocah | nuli sira pujaa |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Prabu Kediri kaget dan marah mengetahui istrinya Dewi Lembusyara telah melahirkan anak anjing, maka dikira telah selingkuh dengan anjing.]
--- [f. 70v] ---
supaya dadia sunu | jalu warnane apelak ||
30. lan maninge sri bupati | garwanira Lêmbusyara | aja sira larakake | sêjatine nura dosa | balik sira mulyakna | apan sira ratu luhung | waspada mata bêthara ||
31. dupara sira sang aji | yèn duwea putra sana | mêngko sun wêjangi rajèng | anakira sinalinan | dening anak camêra | idhêpên saujar ingsun | wis age sira muliha ||
32. pamirsanira sang aji | mring suwara kang katingal | saha bêkti saature | pukulun patik bêthara | mugi jinarwakêna | ing mangke pundi dinulu | pêrnahe atmaja kula ||
33. kalih dening sri bupati | sintên wastane pitênah | dasih ulun panuwune | mugi ta jinarwanana | sabda Sang Yang Nurcaya | nanging samêngko sang prabu | durung kinarsakkên dewa ||
34. dening kang pulah tan yukti | iku măngsa bodho sira | krana wus angrêti dhewe | sawab jênêngira nata | dening atmajanira | ing besuk pasthi katêmu | ing mêngko lagi kinuncang ||
35. sinêngkêr dening Yang Êning | mulane nara sun warah | drapon tutuga jangjine | atmajanira tan dêrman | anggung nglampahi papa | nityasa puwaranipun | wiyose mangke kinuncang ||
36. dening yên wis têkèng jangji | lêbure ingkang critaka[63] | nula[64]
--- [f. 71r] ---
amanggih bêcike | amupugakên raharja | wis aja winicara | balik sira yèn asunu | srahêna Ni Lêmbusyara ||
37. drapon marêma kang ati | lah uwis sira karia | dening ingsun arsa mulih |[65] Yang Êning anulya mêsat | gumlêgêr anèng wiyat | awor êndhêp amun-amun | sang nata kari anggana ||
38. anulya sri narapati | amundhut sêkar sêtaman | wus rineka rupa rare | ingangkat sri naranata | matitis gènnya mudya | katrima sabdaning ratu | nulya dadi bayi jabang ||
39. jalu warnane apêkik | nulya sinungakên garwa | Lêmbusya rêna tyase |[66] kinasihan Gunungsêkar | aji langkung katrisnan | Ni Kalungbantên winuwus | sami nuli awawrata ||
40. sukma Ngêrum sampun nitis | manjing garbane sang rêtna | sampun dhatêng ing jangjine | ya ta wau nuli babar | ibunira kantaka | wanudya atmajanipun | ibune anuli pêjah ||
41. kinasihan dèn nêrpati | sinungakên Lêbusyara[67] | sakêlangkung panrimane | lagya kalihan kang garwa | Sri Nalendra Mamênang | ênting sukaning sêsugun | anguyu-uyu gamêlan ||
42. kunêng bêbukaning tulis | kang durung sinalagêna | dening nutur sêjarahe | ujaring kang amung gita |
--- [f. 71v] ---
angreka rinumpaka | awit saking nibal[68] tutur | wikana lamun lêrêsa ||
43. sampuning manira ngawi | ing Kêdhiri Sri Nalendra | wuwusên prabu kang anom | Gagêlang Lêmbumangarang | iya sampun aputra | jalu kang bêbajêngipun | awasta Kudasirigan ||
44. aduwe lara gariping | binuwang anèng ing wona | nulya èstri panênggêke | arane Sêstramanggala | Dèwi Unon kang nitah | punika dadining êluh | mila bèsèr kang juwita ||
45. nuli putra jalu malih | copèt pèdhèt pêluh ina | Ni Cundhaga wuragile | Kèn Wêdalardi kang nama | ngaranan duwe setan | mulane mêngkono iku | purwane kênèng sêpata ||
46. ing kina wontên pawèstri | sinêlir dening sang nata | prabu ing Janggala lire | pawèstri lagi awawrat | tan ngangkên ing sudarma | ya ta anibakkên wuwus | sapata Ratu Jênggala ||
47. ingkang angramu ing bijing | aja jamak-jamak jalma | dadiya totonan[69] uwong | lamun anak-anak bejang | pawèstri nuli ekral | kakirda lan akiripun | kang aran Lêbupangarang[70] ||
48. gagêtun sri narapati | dening anibakkên sapda | tan wuh[71] kalamun kadange | marmane lamun mangkana [mangka...]
--- [f. 72r] ---
[...na] | lanang wadon sêdaya | tan jamak wong putraningsun | sêdaya amawi căndra ||
49. tinrimakakên ki patih | pawèstri ingkang awawrat | ababar dhampit anake | tuwa èstri anom lanang | Madarsih ingkang nama | kang anom aran Ki Wirun | Jaka Bongglat kang tumitah ||
50. wontên sêlirira malih | pan lagya nyidham kaworan | sêmana tinrimakake | marang Patih Wangsul kana | tan lama wus ababar | putranipun miyos jalu | ingaran pun Menak Punta ||
51. anulya patutan malih | jalu agagah prakosa | sêpatine ramakane | Menak Punta angêjawa | sumawita dyèn patya | rayine kari ing Wangsul | anggêntosi ingkang rama ||
52. palungguhira pêpatih | jêjulukira utama | angungkuli ing ramane | têguh timbul surèngrana | nêngêna ta sêmana | caritane dipun atur | anuli ing Singasêkar ||
53. Sri Nalendra Singasari | sampun mukti awibawa | cinatur kalih putrane | pêbayunipun wanudya | aran Rêtna Campaka | warnane ayu pinujul | nuli warujune priya ||
54. Bakwulan ingkang kêkasih | warnane bagus utama [u...]
--- [f. 72v] ---
[...tama] | ya mêngkana sêjarahe | ing Jawa pinara papat | dening sampun têtela | nuli winangsulan wuwus | kang andon angêlarung jiwa |[72]|
55. Radèn Inakêrtapati[73] | kang nusup ajajah wona | tansah anutuk srirane | awit sakit pêgat trisna | mila angubar[74] karsa | napsune dadya ingugung | têmahan kalunta-lunta ||
56. Radèn Inakêrtapati | asangêt banting sarira | lumaku ing wona gêdhe | wontên malih kang kacapa | jalma Kidangtêlangkas | salira angula dumung | gadhèk[75] wok asibar[76] jaja ||
57. dêdêge agêng ainggil | pupu gangsir wange malang | bêrngose sakêpêl sisih |[77] mata tuhu waja ngrangap | rema [re...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Panji diikuti Prasanta dan Prajudih menjelajah hutan tanpa tujuan.]
--- [f. 73r] ---
[...ma] buktit drawila | garegah marang ing ngayun | kagèt sang raja pinutra ||
58. ya ta wau Radèn Panji | arum wijiling wêcana | sitên sinambat kasihe | kalihdene kang pinăngka | manira katambêtan | saurnya kang sinung wuwus | kawula ta wong idêran ||
59. dêlape ingkang mastani | pun Bongkang anarubasa | Menak Kartala juluke | inggih mêngkatên kawula | tanbêk tigas kawuryan | ingkang winangsulan wuwus | manira putra Jangggala ||
60. Radèn Panji Wanèngpati | iya Kuda Rawisrêngga | Kartala sêdhêp manahe | dening nyêbut putra nata | anggèr bilih sêmbada | pun Kartala ngawu-awu | sumêdya [sumê...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, tiba-tiba Si Bongkang (Menak Kartala) sudah berada dihadapan mereka.]
--- [f. 73v] ---
[...dya] angêbur tapak ||
61. Panji Inukêrtapati | têpis iring padêdesan | katibal-tibal tuture | sri nalendra ing Mamênang | sampun anggadhah putra | èstri ayune pinujul | saungkure radèn putra ||
18. Pangkur
1. Putra Sandi ing Karipan | nulya kondur nulya andon wanadri | ing Janggala sampun rawuh | mangkana sri nalendra | langkung suka sapraptane putranipun | sri nalendra ing Janggala | yun ngêlamar mring Kadhiri ||
2. tumulya mangke utusan | angêlamar mring nagri ing Kadhiri | Udanawarsa mring ngayun | sarta Jayanêgara | saha bêkta birawa gotonganipun | guru dadi guru bakal | kêlayan patiba sampir ||
3. jaran Si Dhala Antêban | lawan gajah Jaka Maruta sami | wuruk pun Paharsa kantun | gong Ki
[Ilustrasi]
[Redaksi: Patih Kudanawarsa dan Tumenggung Jayanegara menerima surat balasan dari Raja Kediri atas lamaran dari Prabu Jenggala.]
--- [f. 74r] ---
Rambut Paradhah | kampuh gringsing babar lampit yan lan dhuwung | aran pamutung pabegal[78] | lêlèpèn nila basuki ||
4. kalawan wong Menak Punta | sinungakên dadi patiba sampir | prapta ing Kadhiri sampun | wus katur mring sang nata | duk tinampan sinungan wêwangsul sampun | wus pinisalin sêdaya | putusan nulya apamit ||
5. ri sampunira umangkat | pra utusan saking nagri Kadhiri | ing Janggala nulya rawuh | Patih Udanawarsa | lan Ki Jayanêgara iku tumênggung | wus marêk anèng ngayunan- | ira wau sri bupati ||
6. anuju pinarêngira | Sri Nalendra Janggala gênti nangkil | pêpêk sapunggawanipun | miwah para satriya | pra santana munggèng pagêlaran pênung | para putra ing ngayunan | lir
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, para pengawal yang mengiringi Patih Kudanawarsa dan Tumenggung Jayanegara.]
--- [f. 74v] ---
kadi wayang sarimpi ||
7. Maraja Dewakusuma | sakêlangkung sukanira tan sipi | dene utusane rawuh | Patih Udanawarsa | Janêgara sarta lan panêkaripun | kang dinuta anglêlamar | dene sampun angsal kardi ||
8. Angraja Dewakusuma | dya suwara punggawa para mantri | miwah ingkang para sunu | kinon anyaosêna | abon-abon kêlayan gatonganipun[79] | ason-ason bêdhawangan | caosane bayangkari ||
9. Kya Patih Kudanawarsa | sampun mêpêk mantri ing păncaniti | gunung mênyan sagra madu | ngalun-alun Janggala | abêranang dêdamêle munggèng ngayun | tubak binang walung dasa | kumêrbêk tungguling kuning ||
10. tubak sulap walung dasa | tubak pêthak prasamya sapal kuning | mawi saragêni ngayun | tunggul gulakêlapa [gulakê...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Patih Kudanawarsa dan Tumenggung Jayanegara menghadap Raja Dewakusuma untuk memberikan surat balasan dari Raja Kediri.]
--- [f. 75r] ---
[...lapa] | ubul-ubul[80] daludak lawan sêlayu[81] | asri lamon tiningalan | pinindha amindha jurit ||
11. Putra Sandi ing Kuripan | sampune wahana ing turanggi |[82] ginarêbêk punggawa gung | miwah kadang kadeyan | samya kuda ing ngarsa wong patang puluh | lir pendah sêkar sêtaman | busanane warni-warni ||
12. badhole[83] saking Janggala | ingkang wadya gumlêdhêk kadya warih | datan kawarna ing ênuh | samana sampun prapta | ing Kadhiri wadya kathah ngalun-alun | wong Kadhiri samya mapak | ing marga sami jajari ||
13. sri nalendra ing Mamênang | wus sadhiya putrane dèn paèsi | busanane abrang[84] murup | dhasar ayu utama | Samiayi lir pendah Ratih anurun | saking syaga[85] di mulya |[86] êmban inya sami ngamping ||
14. umyang
[Ilustrasi]
[Redaksi: Putra Sandi Kuripan (Panji Inukertapati) berangkat ke kerajaan Kediri dengan menaiki gajah dikawal para prajuritnya.]
--- [f. 75v] ---
syarane gamêlan | aprang buyung alun-alun Kadhiri | wusing kang kasukan tutuk | malêbêt ing jro pura | Samiayi pinapakakên ing pintu | waspada rahadèn putra | tingale mring Samiayi ||
15. kagèt mandhêk ing paseban | radèn putra gêgobah anèng wijil | yèn ngucapa sang abagus | nara nana têngêran | Ni Dèwi Sri amusêr remane ngayun | baune karo lawayan[87] | nanging iki padha napi ||
16. dadya mênggah rade[88] putra | dene liwat saking ewaning ati | pan dede dununge kayun | mangkana ciptanira | bok iyaa si amung ngiyani têmbung | sampun ngicalakên wrana | sakêdhap sampun apanggih ||
17. dadya akumpul sadhela | radèn putra nanging anuli ilik | pan dede patutanipun | Ratu Mas Lêbusyara | nulya kesah Sang Apanji angalawung | ing wona andon babêdhak | wus katur mring sri bupati ||
18. kagyat tiyasira sang nata |[89] pamirsane sang ratu pramèsyari | radèn pêngantèn wilangun | tan carêm gènnya krama | têmah ilik kaprêm amêmikat manuk | milane sri naranata | kêlangkung sêkêling galih ||
19. pira lawase sêmana | radèn putra dèrèng carêm akrami | dene tan kadugèng kayun | mila andina-dina | anèng wana amikat [a...]
--- [f. 76r] ---
[...mikat] ngupayèng manuk | tan kantun Judèh Prasănta | radèn ngamurakên wingit ||
20. pêngajapanira tawang | kang kaetang pratignyaning karihin | ing pundi panitahipun | dene anggawe lirwa | ing Kadhiri sun ulati tan kêpangguh | apa ta durung nitaha | kakangêbok[90] Dèwi Êsri ||
21. sigêgên ingkang carita | Radèn Panji langkung dènnya prihatin | juru misaya winuwus | polahe sang surêtna | Căndralata citrane ayu pinunjul | cahyane anrang purnama | pidêksa angrêspatèni ||
22. wayahe sampun diwasa | mila sangêt trisnane rama kalih | kalih wontên duluripun | anake juru mayang | Kae Jaka Karumbang minăngka sêpuh | apatut kadi sayogya | lawan Dèwi Căndrasari ||
23. kaloka ing
[Ilustrasi]
[Redaksi: Ki juru misaya bersama anaknya Jaka Karumbang dan anak angkatnya Dewi Candralata.]
--- [f. 76v] ---
padêdesan | juru mayang gadhah atmaja èstri | wêrnane ayu pinunjul | mila wontên carita | lurah desa karyane begal mêmandung | aran Bêrkut Narasena | iku iya kang ngrasani ||
24. langkung onênge sang rêtna | nanging tansah dipun săngga ing krami | dening rama juru wuwu | wêdos lamon nampika | krana dene Narasena Lurah Bêrgud | karyane angalap upah | numbak uwong amatèni ||
25. misuwur paminggir desa | Narasena nora pasah ing wêsi | mila juru mayang takut | langkung gêtêre manah | supamine anampika raganingsun | awêdi yan sinatronan | wurung mêngko bêngi maning ||
26. milane sinăngga krama | supadose sampun amanggih jadhi | Narasena [Nara...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Dewi Candralata pekerjaannya sehari-hari merangkai bunga dan menenun.]
--- [f. 77r] ---
[...sena] ngayun-ayun | marang sang dyah kusuma | cinarita Căndralata karyanipun | nênun lan sadeyan sêkar | ginubah sinom pangrawit ||
19. Sinom
1. Rêtna Dèwi Căndranata[91] | karyane angrujit sari | ginubah sinukmèng guna | anênun limar kêtangi | kang ja raka nuli |[92] kinon andola[93] kang satun[94] | ngidêrêna mring pasar | Jaka Karombang nuruti | wus lumampah cêlak-cêluk atêtawa ||
2. sapa ta yun tubas[95] sêkar | gaweyane rayi mami | Rêtna Dèwi Căndralata | karênga de Radèn Panji | kapêthuk anèng margi | yèn wontên wong tawa santun | nulya ingampirêna | ngrahadèn awas ningali | nora samar yèn gaweyane kang raka ||
3. rahadèn anulya tanya | pitên[96] rêgane kang
[Ilustrasi]
[Redaksi: Jaka Karumbang berteriak-teriak sepanjang jalan menawarkan barang dagangan milik adiknya (Dewi Candralata) yang berupa rangkaian bunga.]
--- [f. 77v] ---
sari | kawula ayun tubasa | Jaka Karombang nauri | siji sêlawe dhuwit | yèn abarong[97] pitung suku | sêkar sampun tinubas | binarong tan wontên kari | radèn putra talène amung sêkawana |[98]|
4. anula[99] sinukakna |[100] Kai Jaka anapani[101] | winical mung kalih sêka | radèn dhuwite wus ênting | cêpuke dipun kêrit | ana pangaji sasuku | Jaka Karombang ngucap | nara duwe-duwe dhuwit | mung pêksane asugih amborong sêkar ||
5. Panji Sandi ing Karipan | wijile wêcana manis | sampun nuli asung ujar | anugu kula lakoni | jamake wong katindhih | ing utang tan sagêd nyaur | kula anugonana | angladosana ing benjing | datan ketang adhadhapakên[102] sarira ||
6. mujar Ki Jaka Karombang | yèn mêngkono apa [a...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Jaka Karumbang diikuti Prasanta Prajudih berjalan pulang mengantar Raden Panji bertemu Dewi Candralata].
--- [f. 78r] ---
[...pa] maning | kudu asrah jiwa raga | nanging ta manira jangji | sampun ngrêsula benjing | damêlipun ngabil[103] kayu | pasthi sira ngusunga | apa sagup[104] angladèni | radèn putra arum wijiling wêcana ||
7. bote wong anandhang utang | abot ènthèng ngong lakoni | Jaka Karombang ujarnya | apa maning yèn kadugi | lan sitên kang wêwangi | aja ta kaciwa sêmu | jaman mêngko kèh bangsat | Menak Prasănta nauri | bukan orang Jaka lari jadhi amba ||
8. dyan putra aris ujarnya | Jaka Wilangèn ran mami | ing Gamênggêng angsal ingwang | Jaka Karumbang lingnya ris | yèn mangkatêna ugi | suwawi samya umantuk | nulya sami umangkat | tiyang têtiga tan kari | tan adangu ing wismanira wus prapta ||
9. Jaka Karumbang abungah | cêlak-cêluk mring kang rayi | adhuh adhiningsun rara | daulat sira ta nini | lawas tan kadi mangkin | gèn ingsun asade santun | dene têlas sêdaya |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, akhirnya Raden Panji bertemu Dewi Candralata.]
--- [f. 78v] ---
olèh uwong olèh dhuwit | angsalipun ambarong kêkarèn utang ||
10. têmah adhadhapkên raga | milaningsun bêkta iki | sang ayu nulya atêdhak | tênunane dèn racuti | wau Ni Căndrasari | arum wijiling kang wuwus | pundi tiyange kakang | manira ayun udani | Ja Karung anulya angêsèngana |[105]|
11. anyêluk Jaka Karungbang[106] | hèh Wilangon dipun anaglis |[107] ingundhang ing adhiningwang | dening ta ayun udani | Jaka Wilangon nuli | kalihe awas andulu | dyah tanpa jalumuka | lir kilat barung lan thathit | kamêngkana usiking jroning wardaya ||
12. mungguha ta yèn ngucapa | Rêtna Dèwi Căndrasari | kêdah têmên sira uga | mêngkana Rahadèn Panji | ngucap sajroning ati | sun ulati pasthi suwung | dening titahing dewa | nara nyana nora ngipi | nora samar dhêngêran sampun taltela[108] ||
13. Rêtna Dèwi Căndralata | èstu titisipun Êsri | amungsa[109] remane ngarsa | pipine durèn sajuring | grananipun angrungih | janggane angêlunging gadhung |[110] netra asarasêdya | lathinya manggis kairis | nrang gandhewa bau kalih alaweyan ||
14. Jaka Wilangon sêmana | aprawita dèn tukoni | ucapên sri naranata | ing Kadhiri aprihatin | dera mudya samèdi | mung dewane kang tinênung | minggah sanggar langgatan | angutug [angutu...]
--- [f. 79r] ---
[...g] mênyan saguci | gêntha kêlèng ginayang kadya pêcaha ||
15. manjing gêdhong pamêlêngan | anoragèng sri bupati | dhasar wus ulamèng tingal | pucaking grana matitis | păncadriya sirnaning | amindha nis pulahipun | dupi mirsa suwara | gumêr angliput ing bumi | anêmbahi datan prênah kana-kana ||
16. mêngkana ujaring syara | hèh sira Ratu Kadhiri | apa kang sira suwuna | saha matur sri bupati | sarta ngrêndhah Kadhiri | patik ulun nuhun bêndu | kawula tan kenganga | apan amba sampun uning | sausiking garbane ingkang sarira ||
17. iya bênêr Prabu Daha | ing mêngko ingsun wêjangi | pêrnahe atmajanira | kala partingkahing dhingin | linabuh anèng kali | dening marune syamimu | nuju ki juru mayang | amasang bêbara manggih | ing tabêla ingukaban isi bocah ||
18. anuli ingambil anak | pira lawasing mangkin |[111] wayahe sampun diwasa | malah ayun palakrami | mèh gawene ing benjing | dèn lamar dening wong dhusun | kari angantos dina | nuli pondhongana aglis | utusana mring umahe juru mayang ||
19. wis ta lah aja layatan | wis karia sira aji | pukulun ayun mantuka | gamlêgêr[112] munya wiyati | sang prabu ing Kadhiri | dyan tumurun tan asantun | saking sanggar langgatan | nulya ngandika sang aji | kyana patih dhinawuhan ingkang sabda ||
20. hèh Apatih Jayabadra | lumakua dipun aglis | mring umahe juru mayang |
--- [f. 79v] ---
pandhongana[113] putra mami | sarta bêktaa jali[114] | caosêna putraningsun | lawan bêktaa bacah[115] | carangan kang badhe ngiring | apadene bacah wadon badhe ngayap ||
21. Kyana Patih Jayabadra | manêmbah mangêrpa siti | ature patih sandika | wus lèngsèr ngayunan aji | prapta ing păncaniti | sawancine jali tandhu | nuli prasamya budhal | gumêdêr sêlur samargi | nuli prapta ing wismane juru mayang ||
22. ki juru mayang tumingal | yèn wontên prayayi prapti | awêdos kêbat lumajar | cinêgatan para mantri | paman ayun mring pundi | sampun andika lumayu | ingsun iki dinuta | amadhongi[116] putri adi | sira paman sira bibi ngiringêna ||
23. ya ta wau raja putra | uninga mring wong Kadhiri | prapta madhongi sang rêtna | rahadèn nuli ngesahi | mantuk marang Kadhiri | singidan sapolahipun | lajêng taman bagendha | nuli winangun wus rêsik | sêkar ajrah
[Ilustrasi]
[Redaksi: Prabu Kediri mengutus Patih Jayabadra dan para mantri serta abdi perempuan untuk menjemput Candrakirana di rumah Ki Juru Mayang.]
--- [f. 80r] ---
pêthetan sêdhêng tamruna[117] ||
24. minăngka badhe cawisan | kusuma yu ing Kadhiri | Kusuma Candrakirana | ing mangke sampun kapanggih | nulya rêkyana patih | jali cinaosên[118] sampun | sinang jong kasêrantan | Dêmang Suwănda ngaturi | jajarane waos jinggring lawan mamas ||
25. sinongsongan tundha tiga | ing ngarsa prayayi èstra |[119] prasamya dharak[120] kiwala | singgahane abêr angin | sang nata ing Kadhiri | sagarwa sami amêthuk | ing wijil kaping tiga | jajaran sampun rinakit | alun-alun gapura saking galedhegan |[121]|
26. jaline lajêng mring pura | nulya têdhak sang suputri | andulu ngrama kalihan | sarêng samya angêbyoki | angaras ganti-ganti | kang putra tansah ingambung | mring sampeyaning rama | miwah lêbu ibu syari | sri nalendra sukane marwata suta ||
27. apadening para kadang | Pêlabuhan Gunungsari | lir ulam karoban toya | sakèhing
[Ilustrasi]
[Redaksi: Candrakirana bertemu Prabu Kediri dan Dewi Lembusyara ayah ibunya yang sebenarnya dan saling berpelukan.]
--- [f. 80v] ---
wong dalêm puri | samya enggar ing ati | sang dyah binêkta ngêdhatun | urmat kang anèng jaba | barisane pan wus muni | sapujagat pinasang lir gêlap ngampar ||
28. andina-dina kasukan | wong pura enggar kapati | sarawuhe nimas rêtna | sêdaya rêsêp ing ati | pangayan[122] sênêng ati | aningali Radèn Galuh | mila dipun mawongan | sang rêtna yu langkung asih | têka sênêng aningali mring pangayap ||
29. anguyu-uyu gamêlan | Kangjêng Sinuhun Kadhiri | angrasa sampun luwaran | kang dadi ciptaning ati | wau sri narapati | adawa lamun tinutur | malih wontên kinadha[123] | ratu sabrang angêjawi | kalih sanak karone padha nalendra ||
30. Maraja Suryanarada | angrèh wadya nêgri Pêngging[124] | Raja Mêtaun ing Panjang[125] | kadang taruna sang aji | nulya arine malih | pawèstri ayu pinujul | Mas Rara Sumardeya | catur dasa para sêlir | sawancine binêkta marang ngajawa ||
31. karsane yèn angêlamara |[126] putrine rajèng Kadhiri | milane samya binêkta | para garwane sang aji | bilih èstua bijing | yèn akramaa sang prabu | mring putri wong Daha |[127] karsanipun sri bupati | para garwa padha kinèn angayapa ||
32. sang nata wus masanggrahan | ing Karoban ginnya rakit | balane kadya hèrnawa | makajangane pasisir | wêtara pitung kêthi | batên[128] kirang malah langkung | dalu agunêm cipta | kalihan kadang nêrpati | sampun rêmbak ijing anulya putusan ||
--- [f. 81r] ---
33. mantri kalih kang dinuta | awasta pun Jayèngpati | kêlayan Kêbo Larodan | santana parêk nêrpati | tur andêling asungil | prayayi panggah ing kewuh | sampun mundhi nawala | ingulêsan sutra kuning | sampun mintar ingiring wong kawan dasa ||
34. prasamya wahana kuda | datan alama ing margi | sakêdhap anuli prapta | wau sang nata ing Prênggi | praptèng nagri Kadhiri | ucapên sri natasunu | Radèn Wukirkusuma | sineba ing para mantri | ing gêlaran jêjêl punggawa satriya ||
35. eca tibalan wêcana | kasaru kang lagi prapti | duta kalih mundhi sêrat | Jayabadra anampani | nawala kang pinundhi | duta kalih tanpa asung | yèn dedeya sang nata | pêrnahing atapa[129] tulis | beda napi wong kikeken[130] ing bêndara ||
36. tan dangu lunga ngandika | kya patih sigra tumuli | duta kalih wus binêkta | ngayunanira sang aji | nawala kang pinundhi | ingaturakên sang prabu | Sri Nalendra Mamênang | wus anulya ing wêwadi | wus kadhadha saraning jro nawala |[131]|
37. ya ta wau angandika | hèh patih tampakêna aglis |[132] mring putra ngong pagêlaran | apa jare man dipati | iku kang sun makili | kya patih manêngah matur | lèngsèr saking ngajêngan | duta kalih atut wingking | ing gêlaran nawala sampun tinampan ||
38. ri sampunira binuka | nulya winaca kang tulis | pèngêt bêbukaning sêrat |
--- [f. 81v] ---
sri naranata ing Prênggi | dhumatêng sri bupati | ing Kadhiri puranipun | pasang tabe kawula | rèhning ngêbun-êbun bijing | yèn sêmbada sudia ngakêna putra ||
39. nuli dika lampahana | drapon samiya basuki | sampun pisan yèn mêngkunga | supados arjaa bijing | balik sang sri bupati | supamine ta yèn lumuh | punika kula wikan | botên dening ngong lurugi | dening kula botên lênggah kaniaya ||
40. botên anagih ing prana | nanging pimut kula uning | larènana kutha Daha | akaryaa balewarti | bètènge dèn ainggil | puniku supami lumuh | Radèn Wukirkusuma | talingan kadya sinêbit | pamirsane nawala ingkang wicana[133] ||
41. tan dêrana ngampah manah | nawala nulya sinêbit | dening kaya lanang dhawak | wong sabrang amêjanani | wis muliha dèn aglis | matura mring bêndaramu | yèn sira ja utusan | pasthi manira patèni | aja takon tigase murdakanira [murdakani...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Utusan Raja Prenggi yaitu Jayengpati dan Kebo Larodan menyampaikan surat lamaran kepada Raja Kediri, kemudian diterima oleh putra raja (Raden Wukirkusuma), surat langsung disobek.]
--- [f. 82r] ---
[...ra] ||
42. dening tan mawi iriban | basane sajroning tulis | angago[134] gêlar kuwawa | ngandêlakên lamun wani | nora patut kinuping | têmbunge muguhing[135] ratu | sêmangkin iya uga | ratu prajurit sinêkti | măngsa ora wong Daha atur putrinya ||
43. Ngabèi Kêbo Larodan | lawan Dêmang Jayèngpati | jaja ngawinga-winga wing |[136] lir kadi mêdala gêni | nanging imut ing ati | lamun lampahing utus |[137] mila manahnya ngampah | dhasar wong sugih wani |[138] duta kalih undure aduta cipta ||
20. Asmaradana
1. saundure duta kalih | sri nalendra ing Janggala | wus prapta Kadhiri kabèh | sagarwa lawan sang putra | Sri Nalendra Gagêlang | ing Kadhiri sampun rawuh | iya sagarwa saputra ||
2. Singasari sampun prapti | iya sagarwa saputra | ing Kadhiri abalèbèr | jêjêl ing mantri punggawa | ngalun-alun bêranang | caosan wong bayangkantun | lir sêkar sêtaman abyar ||
3. sukane alah
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Wukirkusuma dan Raden Pelabuhan sedang menghadap ayahandanya (Raja Kediri).
--- [f. 82v] ---
kang dhimin | sri nalendra ing Mamênang | dening kadangira kabèh | wus rawuh nagri Mamênang | samya ngadêgi karya | panggihane Radèn Galuh | kêlayan putra Janggala ||
4. myang gumuruh ing Kadhiri | syaraning wong kasukan |[139] angrêrangin gamêlane | yèn dalu andon babêksan | jêbêng sêrta bêdhayan | gumêr syaraning kêdhatun | anguyu catur nalendra ||
5. urmate Prabu Kadhiri | mring kadang-kadange nata | para putra apadene | rahadèn ing Pêlabuhan | lawan Wukirkusuma | andina-dina anayup | anginum sapilan arak ||
6. alok huse bêdhil muni | mariyêm lan kalataka | sêdalu têkèng enjange | kutha Kadhiri sêmana | ênting sukane nata | gènnya akêkadang patut | tan mawi acangah manah ||
7. Jayabadra amradhahi | andika mêntis maesa | sapa[140] jawi lawan cêmpe | mênjangan tanapi kidang | bèbèk kêlawan ayam | apadene ulam banyu [ba...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Pelabuhan dan Raden Wukirkusuma sedang bersenang-senang meminum arak bersama para punggawa mantri.]
--- [f. 83r] ---
[...nyu] | pêpalung kêlawan tămbra ||
8. ênting sukane sang aji | sêdalu gènnya kasukan | saengga ngarinakake | sri nalendra ing Mamênang | [...] |[141] sampun satata alungguh | arum wijiling kang sabda ||
9. ki mas nratu[142] dipun aglis | putranira nira nimas rêtna |[143] ing mêngko sun panggihane | payo ta lah rêsikana | aja ta kalayatan | Lêmbusyara nulya jujuk | kaputran pêrnahe putra ||
10. Rêtna Dèwi Sêkartaji | linulur ginada[144] wida | sangsaya anrang cahyane | dumêling kadya sêksong[145] |[146] sêdhênge sasadara | binusanan Radèn Galuh | arja sinjang cindhe sêkar ||
11. akampuh gadhung rinukêmi |[147] sampure diwăngga jingga | ingombak banyu têpine | têbah jaja tundha tiga | pinatik nawarêtna | gêlang kana kêlatbau | rineka naga pulêtan ||
12. asêngkang maniking warih | kalpika kalih kêmbaran |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Pelabuhan dan Raden Wukirkusuma menghadap ayahandanya (Raja Kediri/Mamenang).]
--- [f. 83v] ---
mawi êmêr pamêngkêke | aramping alimbung raras | bau nraju kêncana | sinambagèng panji aklung | pulunge saya liwêran ||
13. ajangmang[148] rinaja wardi | cucuk gêlunge mutyara | sêkar suwun arêronce | ting karêtèp kunang-kunang | sinom amicis wutah | rema adrawela wèlu[149] | wêdana anrang sêkăngsa[150] ||
14. pipine durèn sajuring | larapan sela cêndhana | bangir angrungih granane | netra asara wadya |[151] lathi manggis karêngat | janggane angêlunging gadhung |[152] wajanya angêlaring kombang |[153]|
15. Kusuma Ayu Kadhiri | dhasare ayu utama | têka pantês lêlewane | jêtmika sêmu wilêtan | pêsaja gawe rema | yèn lumamapah gandrung-gandrung |[154] tanpa titiking alana ||
16. yèn cinadraa[155] sêmangke |[156] sawêngi măngsa têlasa | kusuma jroning kêdhaton | pramilanipun cinêndhak | drapon nuli panggiha | gêlisa caritanipun [carita...]
[Ilustrasi]
[Dewi Sekartaji digandeng ibunya Dewi Lembusyara dan diiringi emban akan meminta restu kepada ayahandanya sebelum menikah.]
--- [f. 84r] ---
[...nipun] | pawonganingpun[157] atarap ||
17. angayap ing sang suputri | babu inya anèng wuntat | ibu sya kang angamping |[158] aluru juwita rara | gada asru sing pura | adoh angawe sang prabu | ing kene dhuh putraningwang ||
18. ngabêkti ing rama aji | sirahing nulya kinusya | tansah winangwang putra |[159] adhuh atmajaningwang |[160] muga tulusa krama | dèn bisa suwitèng kakung | yèn kutung[161] karsane dewa ||
19. padha mintara dèn aglis | enggalêna putraningwang | miyanga ing kadipatèn | kang tinuding samya mentar | Dêmang Arsa Suwănda | lawan Nyai Sêpêtmadu | wêrnanên rahadèn putra ||
20. atawa yèn pinisalin | busana kang adi mulya | ajar kampuh limar kaot | lêlancingan cindhe pinêrmas |[162] saya imbuh angraras | asabuk tinali datu | adhuwung wêraka ladrang ||
21. ukiran cula rinukmi | ajamang mas kinatipa | kancing gêlunge mêncarong[163] |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Raja Mamenang menyambut kedatangan putrinya, Dewi Sekartaji.]
--- [f. 84v] ---
asêkar êmas ginubah | arimbe tibèng jaja | gêlang kana kêlatbau | têbah jajane tumanggal ||
22. gandane anrus pratiwi | dening burat jayèng tilam | wus sirna kamanusane | satuhu sang yang atmaja | saking ing suwarga mulya |[164] milya dadya panjang kidung | para arum para rara ||
23. sandhung jêkuk Radèn Panji | dadi pangajaping tawang | satêngah nganyut tuwuhe | labête tan sinêbadan[165] | putra Sandi Kuripan | kinarya jampine wuyung | amung putra ing Janggala ||
24. wong bagus pratamèng kawi | atêguh tanpa wijaya | pra wèstri kathah angènèl | nanging tan amawi guna | dadya lancuring alam | minăngka jawatanipun | manjing jalma kaping lima ||
25. radèn putra lagya mijil | ginarêbêk pra biyada | ting parêlok wêdanane | lir pendah Sang Yang Asmara | saking ing suwargaluka |[166] tandhak marcapada nurun |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Panji Inukertapati diiringi para emban menuju tempat pernikahan (alun-alun Kediri).]
--- [f. 85r] ---
ginarêbêk pra biyada ||
26. ing alun-alun Kadhiri | pênuh punggawa angarak | gamêlan umyang syarane | sêkatèn lan lukanănta | gêdhing[167] curing sauran | gunung mênyan sagra madu | ason-ason bêdhawangan ||
27. ing ngarsa sampun lumaris | prasamya bocah carangan | kampuh sondhèr sabuk cindhe | waosipun sami mamas | lampah dharat kewala | gamêlane carawangsul | tidake[168] angon wiraga ||
28. ing wuri nulya nanbungi[169] | gambuh dalêm walung dasa | samya sondhèr kampuhe |[170] samya angagêm sênjata | awêdhak gêgarutan | abêkta tamèng sêdarum | samya gêlung kakêlingan ||
29. kang amanah anambungi | ingaran tiyang anutra | mung kawan dasa cacahe | prasamya audhêng pêthak | samya bocah pilihan | sêdaya kampuhing pêlung | nulya kang nambungi wuntat ||
30. ya ta wau Radèn Panji | apatut tan ananingwang | wèhana kuda pêngage[171] | payung agung rèng kanan [ka...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, para prajurit dan punggawa mantri juga turut mengiringi Raden Panji.]
--- [f. 85v] ---
[...nan] |[172] miwah ingkang abêdhah | beda munggèng ing ngayun |[173] ana garêbêk ing wuntat ||
31. Ki Prasănta lan Prajudhih | tan têbah ing gustinira | miwah kadang kadehane | prasamya wahana kuda | kadi sêkar sêtaman | awarna-warna dinulu | sri anêng jalma nêngningal[174] ||
32. tanapi kutha Kêdhiri | Gunungsari Pêlabuhan | myang nitih kuda binarong | Kyana Patih Jayabadra | ingkang amêrnah tata | pacêke ing alun-alun | pinindha ngayoni yuda ||
33. pinacêk rina lan wêngi | ing alun-alun Mamênang | sakapraboning sang katong | gandera awarna-warna | sarta damêle pisan | ubul-ubul lan lêlayu | daludak kubala[175] singa ||
34. gumuruh syaraning langit | barung têmbanging gamêlan | dewa padha anênonton | panggihe Panji Kirana | Sri Nalendra Kuripan | wus anganthi Radèn Galuh | natèng Daha nganthi Panjya ||
35. pinanggihakên ing wijil | pra nalendra sêkawan |[176] angastrèni[177] sêsapdane | gêntêr patêr munya wiyat | jawata nawa [na...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Semua sanak saudara Raden Panji ikut mendampingi dalam prosesi pernikahan Raden Panji dan Dewi Candrakirana.]
--- [f. 86r] ---
[...wa] songa | anrima sabdaning ratu | namèng baya kêlèng baya ||
36. panggihe putra lan putri | ing wijil patêmonira | sri nalendra ngandika lok[178] | nini putri ngabaktia | marang ing lakinira | nulya manêmbah sang ayu | sampuning ngabêkti rama ||
37. kalihe sampun ngabêkti | mring paman-paman nalendra | apadene ibu syare | miwah uwa Selamalang | ingkang kapêrnah tuwa | sampunnya kundur ngêndhatun[179] | putra kinanthèkkên asta ||
38. lir Kumajaya lan Ratih | padha lênglêng kang tumingal | wong sapura enggar kabèh | jêng sinuhun ing Mamênang | langkung sukaning manah | panduluning marang sunuh | dening tan kaciwèng dana ||
39. apadening sri bupati | ing Kadhiri langkung suka | para paman apadene | samya sukane kalintang | Jêng Sinuhun Mamênang | sah atur mring raka prabu | ing Jênggala yèn prayuga ||
40. kakang ji bilih mênawi | sêmbadaa ingkang karsa | sampun dados kaparang doh | anênggih pun Gunungsêkar | panggiha lan Anêngan | minangsulan ing sabda rum | sukur sèwu yayi nata ||
41. pan sami kadang pribadi | sêkawan sampun arêmbak |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Raden Panji Inukertapati dipertemukan dengan Putri Candrakirana, dan menjalani prosesi pernikahan. Prajudeh dan Prasanta juga ikut mendampingi.]
--- [f. 86v] ---
anulya pinanggihake | Ni[180] Sari lawan Anêngan | patut gènnya akrama | ngandika malih sang prabu | lan malihe kakang nata ||
42. putra ngong pun Samiayi | panggiha lan Carangwaspa | sampun kaparing[181] adoh |[182] sri nalendra ing Janggala | amangsuli kang sabda | pun kakang liwat jumurung | ing karsa yayi nalendra ||
43. sêdaya sami ngèstrini | karsane sri naranata | anulya pinanggihake | iya putri lawan putra | sampun lêstari krama | ngandika malih sang prabu | lah yayi Nata Gagêlang ||
44. yèn sêbada[183] karsa yayi | putra manira Cindhaga | angsala kadange dhewe | lawan Kyai Brajanata | matur natèng Gagêlang | sakêthi kula jumurung | nuli pinanggihkên pisan ||
45. Prasănta dipun trimani | putrine natèng Jênggala | Rêtna Madharsah kasihe | sêmana wus kêlampahan | sami apalakrama | amung kari putrinipun | panêngah Prabu Gagêlang ||
46. tinari tan ayun krami | Kusuma Kuyudaningrat[184] | amung ta pangajapane | radèn putra ing Janggala | dadya têlênging manah | kae putra Marabangun | pratignyane duk ing kina ||
47. Ni Unon ingkang anitis | Kusuma Ayu Gagêlang | sêmana rinêbutake | sri nalendra ing Mamênang | sae yayi nalendra | mungguh Kai Marabangun | priyoga lamun wayuha ||
48. asala[185] putra ngong yayi | Ni Dèwi Kusumaningrat | amarua kadang dhewe | sampun dados paran têbah | saurnya natèng Gagêlang |[186] kasinggihan kadang prabu | balik jêng kakang Janggala ||
49. Rananipun kadya pundi | ngandika Prabu Janggala | adhuh yayi ingsun katong | măngsa baronga[187] andika | yayi natèng Mamênang | dene pun kakang pan anut [anu...]
--- [f. 87ar] ---
[...t] | karsane yayi Mamênang ||
50. krana dening yayi aji | sayudya[188] gadhah wisesa | pun kakang punika lire | tan ngraos pêputra lanang | nulya Sri Naranata | Kadhiri mangsuli atur | prayugi mênggah kawula ||
51. putra paduka Dyan Panji | badhe kumantu[189] nalendra | benjang yèn surut jênênge | kakang prabu ing Kuripan | yêkti jumênêng nata | putranira ki mas bagus | mungguh lamon awayuha ||
52. supami kuntunga binjing | dados babundhêl nêgara | nistha pan garwa sawiyos | têmah lingsêm ing măncapat | sêdaya sampun rêmbak | nuli pinanggihkên sampun | sinung dalêm sawang-sawang[190] ||
53. sêmana sampun lêstari | ginêlisakên carita | winarna radèn pêngatèn[191] | sampun angêjum giliran | mangke wontên kang tuwa | Rêtna Ayu Candrasantun | luwaran jawining pura ||
21. Mijil
1. sarawuhe padalêm sari |[192] gumrêng syaranèng[193] wong | asri dulur kang upacarane | samya enggar kang sêkaring puri | padalêman sari | pajangan kumêndhung ||
2. lir kalangon saking syarga adi | kinonang sakêbon | sakêlayon pingmade citrane | lir Sang Kamajaya lawan Larih[194] | andhèr para cèthi | inya lawan babu ||
3. dyan sumurup wau sang yang rawi | kasmaran nênoton[195] | wulan gumanti raras kênyare | anêlahi mring sang karong[196] sih |[197] samirana minging | wor gandane santun ||
4. dhasaripun sang rêtnaning puri | èstu lamun punjul |[198] kuwung-kuwung mêlok wêdanane | dhasar ayu karêngga sakalir | sirna tataning [tata...]
--- [f. 87av] ---
[...ning] jalmi |[199] Wisnratih anurun ||
5. dhasaripun sang rêtnaning puri | manahing acêlor | tansah aminggah ing amidakane |[200] lir brêmana ayun angingsêp sari |[201] sabate[202] rêrêngih | minta lêjaripun ||
6. sepakêna manira mas gusti | yèn nambanga panon | asta kulina ing panjilmane | dadya dasih mring sira sang dèwi | dèn tuhu ing pati | sumawitèng arum ||
7. panêdha ngong mring sira mas gusti | atunggala layon | ulês siji kêlawan dhèwèke | ing kaluwat anunggala jisim | yèn naraka benjing | kawula tut pungkur ||
8. yèn tan ngandêl prasêtya apungkur |[203] dhatêng sang lir sinom | lung pun dasih wus racutên dhewe | [...] |[204] tan kandêl ing gusti | lung pêjah katèngsun ||
9. lir brêmara angingsêp sari |[205] sêkare angêlayon |[206] amanggih sumanarsa wangêni |[207] karantan arsa amalih |[208] datan antuk malih | sêkaring kêdhatun ||
10. dipun tandhing ingaras tinangkil | anulya pinondhong | lir walangkrik sang dya[209] panggarute | ingêmbanan [ingêmbana...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Panji Inukertapati membopong Putri Candrakirana masuk ke bilik peraduan.]
--- [f. 87br] ---
[...n] sarya ngalang-aling[210] | adhuh dhunna mami | wong apa wak ingsun ||
11. lukaring gêlung gandanya amrik | anruh ing kêdhatun |[211] miwah lukaring sinjang gandane | kadi mêjahana kang aurip | kang sawênèh kadi | pêjahing bêbatur ||
12. kèh kumêcêr pawongan angintip | prasami karaos | wantu èstri anêpa srirane | padha ngilêr dèn sami anganggir | ana kêthip-kêthip | mirsakkên pangrungrum ||
13. mèh raina mega bang angrawit | rabulan[212] angayon | awurahan paksi măndra akèh | yèn jalmaa kaya jêjaruhi | wungua sang guling | mangke wayah bangun ||
14. asangsrangan wong dalêm atangi | ing karya acaos | anênapu ana jagos bae | ana kang ngundhuhi sari |[213] gambir lan mêlathi | caosan sang arum ||
15. babu inya asuka kang ati | andulu sang sinom | gèn kaloro[214] langkung patute |[215] lir enggane mintuna lan mimi | tan pisah sanyari | rantang-rèntèng runtut ||
16. ênêngêna ingkang adon [a...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, para emban ikut bahagia menyaksikan tingkah pengantin baru tersebut.]
--- [f. 87bv] ---
[...don] rasmi | gênti winiraos | garwanira kang anom wirage | Rêtna Ayu Kumadaningwati | tansah nganti-anti | sampun pitung dalu ||
17. dhasaripun wus birai laki | ya ta sang lir sinom | sampun ayu karêngga pêngangge | sijangipun[216] galang-galing wilis | sêmêkan mantêsi | jingga renda murup ||
18. gêlung malang sêkare mêlathi | lir gambir winangun |[217] sêngkang seta intên panunggule | kalpikane mirah sarawèdi | amung kalih rakit | yèn dinulu murup ||
19. buratsari gănda sru partiwi[218] | salira têlaron[219] | kadya thathit tampange netrane | liringe dyah abandhil anyirit | binadhèng sang dèwi | brani marang kakung ||
20. yèn tênaga sêmu jungkarangin | ayune amajok | gya ingayap sakèh pawongane | babu inya tarap anèng siti | patut tan atandhing | ngadhêp lancang murub ||
21. jok tumurun [tumuru...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Retna Ayu Kumadaningwati (Kumudaningrat) sedang dihadap para emban.]
--- [f. 88r] ---
[...n] sang rêtnaning puri | dene lagi anon | Nyai Gêdhe Jênangan rawuhe | sang juwita gya sira bêkti |[220] nyai gêdhe angêling |[221] adhuh putraningsun ||
22. rèhning mêngko pun uwa mariki | pakoning sang katong | kinon mulang ing sira wiyose | krana nini mêngko sikêp krami | dene iwuh nini | wong ngêladosi kakung |[222]|
23. utamane nini wong alaki | iku pimut ingong | kawan prakara salukane |[223] angidhêpa parentahing laki | kang gêmi nastiti ti |[224] ujaring wong kakung ||
24. aja wani mêmala ing laki | salire pasêmon | singgahana sakèh larangane | angidhêpa parentahing laki | iya iku nini | wong ajrih ing kakung ||
25. têgêsing gêmi nêstiti lawan |[225] dèn caos pasêmon | ngawatirna sakèh karêpane | aja pêgat siyang lawan latri | ladènana nini |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, tiba-tiba Nyai Gede Jenangan datang dan memberikan wejangan kepada Retna Ayu Kumadaningwati tentang kuwajiban seorang istri kepada suami.]
--- [f. 88v] ---
sadhêdharanipun ||
26. atawa kakung yèn dhêmên sêlir | mring dyah ayu anom | paèsana sêkar pangagone[226] | siyang dalu caosna karsane |[227] iku wong nastiti | kandêl marang kakung ||
27. têgêsing sang dyah bêkti marang laki |[228] nini pimut ingong | prasamanak diwa[229] mangkene |[230] angaturna pati lawan urip | supe lawan sisip | sabên siyang dalu ||
28. têgêsing wong agêmi ing laki | nini èngêt ingong | dèn agêmi ing sakalire |[231] ngèstokêna ing pitutur laki | lawan dèn abangkit | baurêksa kakung ||
29. nisthaning dyah kadukaning ati | nini èngêt ingong | kawan prakara ing salukane | candhak sabda ingkang karihin |[232] aja sira wani | nini cala-culu ||
30. kaping kalih yèn arumba gêni | ala kang pasêmon | wong anyalong[233] kayane lakine | dipun aku kayane pribadi | dèn prayitênèng nini |[234] iku wisa agung ||
31. wis karia nini ingsun mulih | aja kabisturon | sang dyah ayu anuhun ature | sah asêmbah ing lêbu ngusapi | sang aguru putri | sata sampun kundur ||
32. sang juwita kari asung brangti | kakunge ingantos | dene sampun alama tarane | baya kandhêm tan awi gilir |[235] iya talah ugi | sri nata kang sunu ||
22. Sinom
1. Kusuma Kumudaningrat | yèn dalu tan
--- [f. 89r] ---
angsal guling | amung kakunge winayang | kang gawe malangatèni | pêpilis kongsi aking | caosan kongsi awayu | ing dalêm kasatriyan | bêndha ijo sun wastani | liwat luwih têtiyang kadya andika ||
2. pedah bae raganingwang | anyaosi kakang Panji | sun anti tan ana prapta | wadung pari sun wastani | kaningaya kakang Panji |[236] pupur luntur dening êluh | sêkar rêsak ing rema | rujak terong sun wastani | benja[237] prapta pasthi sun ancam-ancama ||
3. sampun tunggang ing acala | turu latar samya guling | pawongan tarap jarambah | sumêrmê condhong tan têbih | damar kurung mêrapit | pasarean sri kumêndhung | sang ayu awiraga | Radèn Panji nulya prapti | duk amulat sang ayu kang raka prapta ||
4. matur sarwi săngga uwang | jarwa lungsene prihatin | Apanji graiting[238] manah | baya ta raganing runtik | guh[239] gustinipun Panji | mas anggèr gon kula nyatu | dasih tadhah daduka | lampit pandhak sun wastani | amung dika dununge ingkang wilasa ||
5. sinambut sang dyah kusuma | sarwi pinulut ngarêpi | sambate amêlasarsa | kadya mêcatêna urip | têbang[240] sinom Kadhiri | kulanthe lan jurudêmung | sang dyah angayang-ayang | ludhês udhunêna mami | nora watêk dèn kamangirê ing priya ||
6. eman bae astanira | manawa [mana...]
--- [f. 89v] ---
[...wa] nuli bridhili[241] | kawula tiyang punapa | rara wedang sun wastani | adhuh gustiku ari | wong agandrung gawe wuyung | Panji tan ngrasa krama | sun pindha-pindha angabdi | asrah jiwa pun Undhakan Wirakrama ||
7. kawula anglarung jiwa | ngulari wanudya luwih | munggah ing pêpale warna | sêkathahing widadare |[242] datan wontên kang mirip | dhatêng paduka wong ayu | intên êmas bêrana | adhuh mirahipun Panji | amung dika gustine putra Janggala ||
8. mangsêm[243] Sang Kusumaningrat | amicara jroning ati | wong iki saya katara | lami cok angrakêti |[244] lah udhunêna mami | nora watêk nora tau | astane suraweyan | mangkarak sraraning ati | mundhak piro wong wis gêdhe dèn kakudang ||
9. mangsêm Sang Sandi Kuripan | amirsa wuwusing rabi | manahe kadi ingunggar | tan dêrana ya ing ati | ya ta sang lire sari | binêkta mring jinêm arum | gupuh punang pawongan | anangkêbakên kang samir | nèng paprêman [pa...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Panji Inukertapati membopong istri mudanya Dewi Kumudaningrat masuk ke bilik peraduan.]
--- [f. 90r] ---
[...prêman] sang dyah kinangwalang suda ||
10. dadya rinangkul ing priya | pêbayun kinusya kalih | sinêsêp ingaras-aras | astane kakung kang kèri | acêngkrama pangsisir[245] | i[246] pulo manik sumênur | têpine kang sêmudra | têtujung ing marga wêrit | duk sinambut sang dyah kapês kang sarira ||
11. sang rêtna datan apolah | kadaud ranu ing laki | sumăngga karsane priya | tanpa jamuga sang dèwi | kadi pada panjaring | kasilir maruta mumrun | kakung angusya krama | kalih asta kêpan pipi | jangganing dyah sinungkêman dèn sang wira ||
12. wus kukih padoning sinjang | katiti puya sang dèwi | akatitik marta badya | sang dyah mênggah sambat mati | sang kakung amarnani | angambah gapura pitu | sirna punang gupala | ingambah prajurit sakti | duk anyandêr sang dyah ayu kapidhara ||
13. mingsêk-mingsêk nèng patrêman | sang ayu maksih katitih | sêsambate amlasarsa | adhuh kakang uwis-uwis |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, gambar bilik peraduan Sang Panji dan istrinya.]
--- [f. 90v] ---
baya dèn prih ngêmasi | tan kuwawi jiwaningsun | pangeran luwarana | sarira kabotan ing sih | bijing malih kawula sumăngga karsa ||
14. dèn êla-êla panggihan | rinungrum ingarih-arih | lir bramara ngingsêp sêkar | kapirsa jawining samir | marêp pamuluting sih | kasmaran ingkang angrungu | mujar sang santi putra | apuranên ingkang abdi | yèn sêbada dewa sami asêsotya ||
15. pawongan samya angayap | munggèng ngarsanira gusti | lir jin pêri pêrayangan | kathah kasmaran ing galih | sotyane sami ajrih | marang sang murtèngning[247] rum |[248] ya ta sampun alama | kang andon apulang rêsmi | ênêngêna wontên punggêling carita ||
16. ing Karobang cinarita | Sri Naranata Parênggi | kang agung kandhuhan brăngta | yèn dalu tan angsal guling | gulinge dèn kapithing | pinindha Sang Rêtna Galuh | lamon sare malumah | sang dyah katingale nginggil | yèn mangkurêp katingal anèng ing lêmah ||
17. pangucape ngamyang-ngamyang[249] | êbuh-êbuh[250] dèn rasani | biyadanèng[251] Mamênang |[252] kang bisa agawe brangti | bator bejo mas gusti | para têka gawe lênguk | parikan jênang gula | ujare wong amung kardi | alakia aja lali priya gada ||
18. karangeyan muging têgal | lajan[253] lawasa ngong anti | cok ugi padha rêmbaga | jala gung tampange
--- [f. 91r] ---
jati | sampun ngêrakat ati | sigat[254] gung amawi lugut | lire mangkin kawula | esthe jurang sun wastani | angajawa kajarah dening wanudya ||
19. para garwa kawan dasa | prasamya wêlas ningali | marang sang sri naranata | dening sangêt gènnya kingki[255] | miwah kadang nêrpati | kang wasta Raja Mêtaun | iya awêl tumingal | dutane kalih inganti | wus antara nara nana ingkang prapta ||
20. eca tibalan wêcana | kasaru kang duta prapti | Tumênggung Kêbo Larodan | lan Ngabèi Jayèngpati | abêkake sadêmi | tan itang ngabêkti sampun | ulun patik bêthara | ngaturakên pati urip | abdi dalêm lung pêjaha ing ngajêngan ||
21. sri nalendra angandika | hèh matura Jayèngpati | polahe sira sun duta | duta kalih langkung ajrih | kadya kojêm ing siti | alungguh amaringkêlu[256] | saha sêmbah aturnya | kawula nuhun jêng gusti | kang nawala sampun sinukmèng kang nala ||
22. dening mangke surat tuwan | têmahan sinêbit-sêbit | dene Radèn Ukirsêkar | punika putrane aji | sang nata ing Parênggi | bala duk pamirsanipun | ature kang putusan | bêndune yayah sinipi | winga-winga wêdana kadi sinêcang ||
23. kêtarèng bêndu sang nata | jaja lir mubala gêni | ngandika sri naranata | yèn mêngko wong Kadhiri |[257] rada kaparèng wani | pasthi kuthane sun gêmpur | payo yayi nalendra | samêktaa dan jurit |[258] undhangêna punggawanira sêdaya ||
24. benjang manira umangkat |
--- [f. 91v] ---
ing mangke ratita[259] baris | gumuruh ing pasanggrahan | syarane wong andum baris | kuda kêlayan èsthi | sêdaya samêkta sampun | wadyabala akathah | udakawis sangang kêthi | wus tinata sapăntha kang anèng wuntat ||
23. Pangkur
1. bala saking pasanggrahan | damêl ngajêng sampun sami lumaris | kang kinar tindhih ngayun |[260] Tumênggung Kêbo Larodan |[261] lan Tumênggung Kêbo Kakêndhu puniku | prayayi andêling yuda | ing ngarsa nindhihi baris ||
2. lir pendah kadi hèrnawa | dêdamêle wadyabala Parênggi | ubul-ubul lan lêlayu | branang tungguling jingga | saragêni myang kuda mungging ing ngayun | sêdaya kulambi bapang | wêtara amung sakêthi ||
3. sinapan sami gendhongan | mriyêm gurmat[262] samya nginggile èstri | kadya pitung păntha tambur | ingkang nambungi wuntat | waos binang wêtawising sangang èwu |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Barisan prajurit Prenggi berjalan menuju Kediri. Tampak Raja Sakutu naik gajah di belakang prajurit bersenjata pedang.]
--- [f. 92r] ---
tunggule gulakêlapa | gamêlane carabali ||
4. ingkang nambungi ing wuntat | tubak mamas sambung ngampèl tapiling[263] | wêtarane sangang atus | sami dharat kewala | kang tan bêkta kulambi sangkêlat biru | prasamya audhêng pêthak | ganderane abar-abir[264] ||
5. nambungi malih ing wuntat | jalan kaki ngagêm pêdhang lan tapsir[265] | wêtawising sangang puluh | samya kulambi bapang | wong Surani kang ngirid Raja Sakuthu | gamêlan cara Mêkasar | tunggule cara rasêksi ||
6. sri nalendra munggèng wuntat | akalihan wau kang punang rayi | wahana gajah sang prabu | rinêngga ing busana | pinalanan apus gulu pus buntute |[266] kinarya sangkêlat jingga | yèn dinulu angajrihi ||
7. bajo rante kawan dasa | datan abah[267] saking ngarsane aji | iku dhadhane sang prabu | padha bocah gangsingan | tau tate ngrangsang kutha saroh[268] amuk | tan wontên mangsah ing braja | ing sabrang tan ulih tandhing ||
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, sedangkan yang mempimpin barisan adalah Ki Kebo Larodan dan Ki Kebo Kakendu.]
--- [f. 92v] ---
8. ing Kadhiri wus kinêpang | têpisiring paminggir dèn satani | gègère kadya pinusus | kang sami ingambilan | wus nrinayah[269] bèbèk ayaming wong dhusun | tan ana măngga puliha | kêbo sapine wus ênting ||
9. ing Kadhiri ginupita | kala mangke pêpêk kadang nrêpati | ing Mamênang nguyu-uyu | amupugi ing suka | tan kacongah saengga punggawanipun | andina mathis maesa | apadening pikik[270] iwin ||
10. mêngkana sri naranata | lagi mimba anèng ing păncaniti | sakadange para ratu | punggawanipun tarap | pra bupati ing alun-alun supênuh | kadi rabing[271] sang sêgara | lir dhoyong kang ancak suji ||
11. ing ngayune atarap |[272] para putra sêdaya samya nangkil | lir pendah wayang pinanggung | putra Nata Mamênang | kya dipati ing Liyangan muging ngayun | Radèn Arya Pelabuhan | putraning sêpuh sang aji ||
12. wontên malih kang taruna | kêkasihe Rahadèn Wukirsari [Wukirsa...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Semua putra Mamenang pergi menghadap ayahandanya.]
--- [f. 93r] ---
[...ri] | asowan rama sang prabu | kampuh sawat pinêrmas | alancingan cindhe sêkar têpi murup | akuluk kinanigara | kris landheyan cula ngrawit ||
13. wontên malih putra nata | Carangwaspa rada ajungkarangin | akampuh jingga tinatur | lancingan cindhe raras | dhasare kuning alus |[273] akêris wêraka sawat | ukiran cula rinukmi ||
14. Ki Wirun mara aseba | yèn lumampah kadya macan angêlih | apantês kampuhe gadhung | rinêngga ing pêrada | sumping mênur apaningsêt tali dadu[274] | angangge kris parung sêkar | ukiran cula mantêsi ||
15. apadene Menah[275] Punta | kampuh rèjèng pinara tulya sri |[276] akêris carita bisu | ukirane kêncana | mas sêsingèn rineka buta kalurung | gênge sagolèk kêncana | asabuk leja mantêsi ||
16. lan malih Menak Pratala | yèn lumampah kadya ngabahna bumi | kampuhe polèng bitulu[277] | asabuk gêgadhogan | agêng inggil pangulu [pangu...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Lanjutan dari ilustrasi sebelumnya, Raden Pelabuhan dan Raden Wukirsari berada paling dekat dihadapan ayahandanya.]
--- [f. 93v] ---
[...lu] angula dumung | akêris parung buntala | ukiran êmas siningi ||
17. witêning Panji Rawisrêngga |[278] ngrêspatèni kampuh limar kêtangi | apaningsêt tali datu | lancingan cindhe sêkar | awêrăngka pinalêtuk kadi murup | ukiran cula tinatah | asêkar sinurèng pati ||
18. atarap kang para putra | ing ngayunan kadya wayang sarimpi | tanapi para tumênggung | Kya Patih Jayabadra | amiranti acaos karyaning ratu | ya ta wau kawarnaa | praptane Dhangdhangminangsi ||
19. lumêbèng karsa nalendra | kai dêmang sumawita ing gati | saha sêmbah awot atur | ulun patih bêthara | atur uning satru jaya mangke rawuh | abdi dalêm padêdesan | paminggir sami angungsi ||
20. dêmungipun ingkang mêsah | kang sêpalih sampun nabrang ing kali | pan kêkalih ratunipun | maksih wontên bêngawan | amangkuwon[279] nanging wadyabalanipun | jagat tuwan wus kinêpang | dening wadyabala Pêrgi[280] ||
21. ngandika natèng Mamênang | hèh Apatih Jayabadra dèn aglis | undhangna punggawanipun | bupati lan satriya | sarupane barisa ing alun-alun | kyana patih sigra nêmbang | têngarane wong aurip ||
22. sri nalendra ing Jênggala | ing Ngurawan katiga Singasari | prasamya anggunêm rêmbuk | yayi prabu riningwang | putraningsun Pelabuhan Singasantun | barisa jawining kitha | dadiya kawan nêgari ||
23. putraningsun Brajanata | angêluruga nindhihana kang baris |[281] sakadang kadeyanipun | amrih lindhunge yuda |
--- [f. 94r] ---
karanane Kadhiri kinêpung wakul | karia atur prayoga | măngsa borong paduka ji ||
24. kalihdene yayi nata | ing Kadhiri pun kakang angêkahi | anyăngga gurdakanipun | marang kang satru jaya | yayi aji sampun tumut aprang pupuh | amung ajaga nêgara | wus têlas catur nêrpati ||
25. para bupati pra mănca | ngalun-alun prasamya nata baris | wong Kadhiri kadi sulung | amung wadana rolas | ingkang badhe prasamya lunga ngaluruk | prasamya apayung bawat | ganderane warni-warni ||
26. sira Radèn Brajanata | tansah ngampah marang Rahadèn Panji | sampun yayi tumut angêluruk |[282] wisa dening pun kakang | amapaga yudane Raja Mêtaun | Parênggi Puryanarada[283] | nadyan sira pitung kêthi ||
27. enjing prasamya umangkad[284] | prajurite Janggala sampun dhingin | saragêni munggèng ngayun | wêtara mung sanambang | anyinapan wayahana kuda sêdarum |[285] kulambi sangkêlat abang | tambure pating jalêrit ||
28. kang dadya tatindhih ngarsa | mawi bawat Tumênggung Sokagini | prayayi dikjaya têguh | andêl-andêl Janggala | tau tate binendrong ing bedhor busur | buh sêrènge lamun pêrang | katêmpuh ing balang-baling[286] ||
29. pakêkêripun sêdaya | apan sami wahana ing turănggi | busana pating pulancur | Ngabèi Japanawang | Ranadirêja ing Sêmakak datan kantun |[287] Jalêlana Tanbalangan | Singawăngsa ing Mêdani ||
30. saengga mantri punggawa | samya ngêpung ana kang anèng wuri | Radèn Brajanata mungguh |
--- [f. 94v] ---
kinarya gêgunungan | angêlurahi ing adilaga pakewuh |[288] dyan warnanên baris sêkar | pêcalang sampun apanggih ||
31. campuh prasamya pêcalang | lir bêrondong sinapan gutuk api | enggane kadya papêdhut | kukuse kang sundhawa | asauran suraking umyang gumuruh | lir karênga ing awiyat | long-linongan ingkang mati ||
32. pêcalang Pêrgi kasoran | sampun larut ing wingking abantoni | Kêbo Lorodan anêmpuh | sarta Kêbo Kêndhaga | saha bala mangukih sarêng anêmpuh | udakawis sangang lêksa | sampun campuh ing ajurit ||
33. wong Kadhiri kalih pisan | wêdanane pra manca angawaki | minăngka cucuking laku | sampun anêmpuh lawan | sami wani tan ana angrasa mundur | gurnat kalawan gurnada | lir pendah ngubahna bumi ||
34. pêtêng ribut alimêngan | ing wiyati ngêlun kukusing gêni | suraking lir langit rubuh | sabate
[Ilustrasi]
[Redaksi: Kebo Lorodan dan Kebo Kendaga bersama-sama menerjang barisan prajurit Kediri.]
--- [f. 95r] ---
wadya kabranan |[289] athak-ithik adhuh biyung aku lampus | wêtêng bêdhah êndhas pêcah | bau sêmpal kuwir-kuwir ||
35. ana kang tugêl êndhasnya | katêrajang sêmpal ing bulang-baling | wong Kadhiri kathah tatu | nanging kathah sudira | di pra mănca kalih wêlas sarêng ngamuk | wong sakêthi barêng mara | wong Kadhiri padha wani ||
36. tan kabêr[290] muni sênjata | sampun ical tatane ingkang baris | wong sabrang asoroh amuk | wong sakêthi barêng mara |[291] wong Kadhiri kathetheran tatanipun | kathah kang anandhang brana | wong Janggala aningali ||
37. amulat têngên lan kiwa | dyan ta sira Tumênggung Sukariki | ingatak prajuritipun | payo bacah Janggala | tulungana wong Kadhiri pêrangipun | kêtanggung bacah sêdaya | kang alit padha awiwrin ||
24. Srinata
1. sang nata mêdal ayuda | ningali kang wadya alit | awêlas sira tumingal |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Tumenggung Sukariki menyuruh pasukan Jenggala untuk membantu prajurit Kediri yang mulai kawalahan menghadapi prajurit Prenggi.]
--- [f. 95v] ---
dening ta sami awiwrin | nulya ngandika aris | dhumatêng ing rayinipun | dhuh yayi wis kantuna | ingsun ningali wong jurit | amit pêjah gusti kantuna wibawa ||
2. sang rêtna èstu karuna | sumukêm padaning laki | pangeran pan nora dosa | katuwaning awak mami | dening tinilar jurit | wong punapa raganingsun | karia andon suka | kakungnya ngaras panêpi | nara krama sun pindha-pindha ngawula ||
3. garwane ingkang taruna | mêncira asêmu runtik | Kusuma Kumudaningrat | wus sinambut tan asari | sang rêtna miwal kapti | ingaras nginggati kayun | pan sarya angajiwat | kêncange[292] alis lir thathit | sapa wonge pinandêng nara katutang[293] ||
4. sang rêtna pinrihyêmbada[294] | pinondhong pinangah-pangih[295] | sinênggaran palu găngsa | kulanthe kudhiri miring | gambuh kudhiri miring | mêgatruh lan jurudêmung | guh gustine kang Panjya | kang dadi èwêding ati | baya sira gurune èstri Ngurawan ||
5. Sang Rêtna Kumudaningrat | wuwusing arum amanis | kawula iki wong apa | ludhês udhunêna mami | mênawi garègèling | mayide Ki Marabangun | amongmong ing wong papa | wus putung têmên kang ati | ingsa uga rara tumpêr kêna wedang ||
6. kalihe sampun ingêmban | ing têngên kêlawan kèri | Candralata muging kanan | Kumuda kang mungging kèri | dadya tan wontên iri | ewuh têmên wong awayuh | gènnya ngaras agantya | mengo-mengo Radèn Panji | radèn [radè...]
--- [f. 96r] ---
[...n] mulat praptane Judhèh Pêrsănta ||
7. adhuh gusti andon tilam | kadang kadeyan anganti | ing jawi sampun sumêkta | sêdadanane[296] ajurit | raka dika kang warti | ing mangke sampun acampuh | Radèn Sandi Kuripan | ing mangke sampun apamit | têdhakêna ing dewa lawan bêthara ||
8. putra Sandi ing Kuripan | sampun wahana turanggi | kêkapa kayu cêndhana | săngga wêdhi mas cinawi | laras sangkêlat abrit | kayu apu cindhe wungu | apus gulu sangkêlat | bêbungkul maniking warih | abêd sutra kundhali supa rinêngga ||
9. kuda andêling ayuda | ulesipun jangjang wilis | lampahe kadya bêdhaya | tate yèn binêkta jurit | tau nguntal mimis |[297] yèn rukêt nujah anubruk | ngalêthak dhas satriya | tan pasah dening jêmparing | radèn putra sinongsongan sutra jênar ||
10. lir pendah Sang Yyang Asmara | ing ngarsa sampun apanggih | sakèhing boca[298] nirsaya | nirpringga wong marêk-marêki |[299] samya wah amati |[300] wêtara wong walung puluh | samya kulambi kutang | waosira daradasih | sinapalan kêncana sami rinêngga ||
11. wus budhal samya kang wadya | dêdamêl kêlangkung asri | lir pendah sêkar sêtaman | kang kari sami prihatin | ya ta Rahadèn Panji | nitih kuda mandhêk mangu | ana kang sranèng manah | kang tinilar jroning puri | imut bae sambate anèng patrêman ||
12. datan kawarna ing marga | ing pasanggrahan wus prapti | wong Kadhiri samya mulat | baya iki kangjêng gusti | dening asongsong [asong...]
--- [f. 96v] ---
[...song] kuning | kêtawis damêlanipun | Rahadèn Brajanata | tumingal kang rayi prapti | jog tumurun saking dukaning raka |[301]|
13. Radèn Brajanata majar | yayi balanira alit | akathah kang nandhang brana | tanapi ingkang ngêmasi | punggawa kathah mati | kala campuh wingi isuk | Radèn Sandi Kuripan | langkung kagêtuning ati | prajurite akathah kang sampun pêjah ||
14. sampun apêpêk gêgaman | pasanggrahan tata baris | pan sampun tata sêdaya | sasisane ingkang mati | nanging kang mawi biting | prit anêba gêlaripun | injing nabuh têngara | têngarane wong ajurit | wadya sabrang balane tanpa wilangan ||
15. sampun panggih yun-ayunan | wong Pajang lan wong Kadhiri | wong Pajang tata akathah | kang kinarya pucuk jurit | bupatine Surani | awasta Raja Sakuthuk[302] | gêdhene sajêruk macan |[303] nanging jikjaya[304] asêkti | yèn apêtak [a...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Brajanata memberitahu adiknya (Raden Sandi Kuripan) bahwa banyak bala tentara dan punggawa yang telah tewas dalam peperangan. Tampak di belakang Raden Panji, Prasanta dan Prajudih.]
--- [f. 97r] ---
[...pêtak] lir pendah gêlap angampar ||
16. rêspati nitih dipăngga | angirit bala sakêthi | pêdhange dèn ingkal-ingkal | lah mêtua wong Kadhiri | lah aja ngucirani | rêbutên Raja Sakuthu | wong Kadhiri pan mirsa | yèn tinantang ing ajurit | sarêng mara punggawaning ing Mamênang ||
17. punggawane ingkang rolas | saha bala datan kari | Tumênggung Amangkuyuda | lan Tumênggung Rajaniti | Ranupati Bupati | lan Tumênggung Singaranu | miwah ing Mangkupraja | Garwakăndha datan kari | Ki Tumênggung Madaraka Jasêmodra ||
18. Ki Tumênggung Sumabrata | Sumanêgara tan kari | kêlawan Purwanêgara | kalih wêlas Kêlêthingmungil |[305] samya anitih wajik | samya angêmbat kang lawung | mangsah ing ranagana | Raja Sakuthuk dèn nindhih | langkung panas sêdaya ta ingkang manah ||
19. wicara lamun gêdhea | malênthèt wontên sakêndhil | angkuhe kagila-gila | kudu akon angêmbuli | Garwakăndha [Gar...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raja Sakutu mengendarai gajah memimpin perang melawan Kediri.]
--- [f. 97v] ---
[...wakăndha] ngêlarihi |[306] malêsat Raja Sakuthu | nanging datan tumama | Rajaniti ananggapi | linarihan Raja Sakuthu malêsat ||
20. adangu tinibal-tibal | Raja Sakuthu tan gingsir | watang putung lir gêlagah | nanging tan ana nêdhasi | sakèh para bupati | sarêng mara samya grêgut | Sakuthu kadya rijal | tinêmpuh kanan lan kèri | kang katumbuk dhadhane pak[307] samya niba ||
21. bupati kathah kacurnan | tinubuk[308] dipun caloki | wong Kadhiri bubar-bubar | ing wingking kathah ngêbyuki | samya sinosok biring | diradanira angamuk | wong Daha sampuh sayah | tan kobêr wau malêsi | kang lumajar dèn têlale saking wuntat ||
25. Pangkur
1. apuyêngan ingkang yuda | ramene kang aprang gênti angukih | agênti buru-binuru | surak lir gunung rêbah | ramene prang tanbuh rewang tanbuh musuh | wong mati pating jalêmpah | wangke wus susun atindhih ||
2. sakèhing [sa...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raja Sakutu menyerang prajurit Kediri dan Jenggala dengan membabibuta sehingga banyak prajurit yang tewas.]
--- [f. 98r] ---
[...kèhing] para pra mănca | sami ngungsi maring Rahadèn Panji | barise sêdaya larut | tan kêna tinataa | radèn bagus sampun kinêpung ing musuh | amung kari tigang nambang | apunjul wong tigang biting ||
3. Ki Wirun matur anêmbah | paran karsa gusti rahadèn mantri | mancanêgara kalulun | datan kêna ngabêna | pra wêdana kalih wêlas kathah lampus | tiyang Kadhiri Janggala | akathah ingkang ngêmasi ||
4. rahadèn putra ngandika | sapa kakang dadi senapati |[309] Ki Wirun sigra amatur | nênggih Kêbo Lorodan | Kêbo Kêndhaga kêlawan Raja Sakuthu |[310] ngamuk sarta dipangganya | amêta ngamuk prajurit ||
5. radèn putra angandika | kakang Wirun payo ngawaki jurit | kang Punta manira tantun | miwah kakang Krêtala | radèn putra maju ngrana sikêp lawung | kadeyanira têtiga | kalima Sănta Prajudhih ||
6. sarêng umangsah ayuda | radèn putra kinambulan [kinambula...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Panji memberi perintah kepada Wirun, Punta, Kretala, serta Prasanta dan Prajudih untuk ikut berperang.]
--- [f. 98v] ---
[...n] ing ajurit |[311] binendrong saking ing pungkur | saking ing kèri kanan | nara kandhêk pangamuke radèn bagus | Mêkasar kathah kang pêjah | wong Bugis kathah kang mati ||
7. Undhakan Astramiruda | lan Rahadyan Brajanata prasami | mapan ta sarêng angamuk | lir banthèng tawan brana | kang katrajang akèh mati bubar larut | lan gamane natèng Pajang | kang tinêmpuh akèh mati ||
8. Kêbo Lorodan Kêndhaga | sigra tandang saha bala mapulih | sumahab padha magrêgut | ya ta campuhe yuda | sih apagah[312] Ki Astramiruda kundur | prandene Ki Brajanata | pangamuke maksih ngukih ||
9. Astramiruda sêsubar[313] | lamun ingsun kênaa dening mimis | mendah èsêm mendah ayu | kusuma ing Mamênang | tumbak bêdhil lir gêgitêse wong ayu | biyadane wong Mamênang | kang bisa agawe brangti ||
10. lah paya[314] barênga mara | iya ingsun mantune sri bupati | Astramiruda ran ingsun | lancure wong Janggala | sigra nandêr Astramiruda angamuk | sinagok[315] ing ganjur atap | binendrong busur sjêparing[316] ||
11. Undhakan Astramiruda | pangamuke sarta maca rêrêpi | paksi irêng awak ingsun | bêdhil alit krawangkan | linggar sihe wong ayu sun tinggal lurug | biyadane wong Ngurawan | sun tuku lara lan pati ||
12. wadya Pajang bubar-bubar | wong Surani barêng mara ngêbyuki | ingirit Raja Sakuthu | maksih wahana liman | nguwuh ngêrik lir pendah ta gêlap sèwu | bramatya nasak manujah | kang katrajang dipun banting [ba...]
--- [f. 99r] ---
[...nting] ||
13. nêng bala kadya galêngan | ngêmprat-êmprit gadhing manujêm[317] bumi | Menak Kartala apungguh | nêmpuh dirada nata | duk tinêbok kumbane kang gajah rêmuk | mangrêrik pan kadya gêlap | mangrubuh niba ing siti ||
14. Raja Sakuthu bramatya | aningali lamon gajahe mati | pangamuke ngiwat-iwut | Kartala tinarajang | lir anglêka Menak Kartala tinubruk | Menak Kartala tiwuhan[318] | dene tandange akêsit ||
15. Prasănta sarêng tumingal | Ki Kartala ewuhan[319] gènnya jurit | anyandhak-nyandhak pan luput | kadya musuh thethekan | Sang Sakuthuk pangamuke nubak-nubuk | gêdhene sajêruk macan | pan abêre kadi thathit ||
16. Pêrsata[320] alatah-latah | age Dhayok sira amèka jaring | tan suwe Ki Dhayoh[321] mantuk | jaring nulya pinasang | Ki Parsata[322] kêlawan Ki Sadulur[323] |[324] Raja Sakuthuk nêrajang | anulya kasangsang bijing ||
17. anulya ngêbyokan kathah | Sang Sakuthuk sampun dipun talèni | cinêmplungakên ing sumur | dipun urugi sela | wong Surani sarêng mulat rajanipun | yèn pinêndhêm rip-uripan | wong Surani derah mati ||
18. sumadya sarêng ngêrbuta | wadya sèwu samya kulambi wêsi | Menak Kartala angamuk | sarwi asubar-subar | lah rêbutên wong sabrang ing yudanipun | kang aran Menak Kartala | Si Bongkang pan narup bêsi ||
19. Ki Bongkang araga bêksa | kinarutun[325] busur lawan jêparing[326] | kadi jawuh tibèng bau | ana kang tibèng jaja | balang-baling
--- [f. 99v] ---
sumêbut tumibèng pupu | sêdhèt anarik curiga | angrangsang sinasoh baris ||
20. Kêbo Lorodan Kêndhaga | lumapulih karo angêlarihi | anitir panubakipun | tinibal ngarsa wuntat | Ki Kartala anyandhak ing murdanipun | kalihe ingadu kumba | polone mawur ing siti ||
21. radèn putra saya nêngah | pangamuke kuda nyongklang anirig | wadya Pêrgi kadya sulung | maksih wetan bêngawan | kang sêpalih apadene sang aprabu | Mahraja Suryanêrada | Raja Mêtaun anunggil ||
22. Apanji lagya tumingal | myang sang nata kudane dèn camêthi | panadêre[327] saya maprung[328] | kuda dhalang antêban | ingudanan jêmparing bedhor lan busur | kinirikakên malêsat | surine pating kuranthil ||
23. kudane nirik anyongklang | ngurung-urung sinosok waos biring | tan malês rahadèn bagus | arum [aru...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Panji memacu kudanya menuju tengah-tengah peperangan, serangan tombak dan panah menghujaminya.]
--- [f. 100r] ---
[...m] wijil wêcana | sumingkira wong cili ingsun arêp wruh | maring gustimu sri nata | Nalendra Pajang lan Pêrgi ||
24. wadya Pajang samya majar | payo batur êmbuh dipun rawati | payo saba-saba ganjur | paksa sira kuwawa | sugih wani yun panggih lawan sang prabu | kaya wong lananga dhawak | tan ana wong dipun tampik ||
25. sri nata kalih tumingal | kagawokan maring Rahadèn Panji | ngandika ing rayinipun | yayi wêspadakêna | sapa baya prajurit ingkang umagut | tangkêpe kaya bêdhaya | baya ingkang aran Panji ||
26. sampunnya ayun-ayunan | sri nalendra sami sanitih[329] èsthi | ingiring prajuritipun | santana lan satriya | para menak kapitan para durnadur | prasamya wahana kuda | angagêm lawung ngajrihi ||
27. sri nalendra angandika | sapa baya aranira prajurit | dening pêksa kumapurun | aja mati tampa rah | eman [ema...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Terlihat Raja Prenggi dan Raja Pajang sedang berbincang-bincang mengenai kehadiran prajurit Kediri (Panji) yang berani menyerang pasukan Prenggi.]
--- [f. 100v] ---
[...n] bae prajurit anom abagus | rahadèn aris ngandika | ingsun prajurit Kadhiri ||
28. mantune sri naranata | aran isun[330] Apanji Wanèngpati | sang nata manahing gêrgut | dening kayugya para | ingsun anti amapaga yudanipun | nanging sira dèn apanggah | aja na mundur sanyari ||
26. Durma
1. sri nalendra lawunge sampun dèn ingkal[331] | anèng luhure èsthi | sarya subar-subar | payo andhinginana | wong Kadhiri pun agêlis | aris aturnya | sira Rahadèn Panji ||
2. prayogane sira kang adhinginana[332] | sang nata lir sinipi | bêndune kalintang | iya dipun prayitna | nanging ta aja gumingsir | sigra anubak | ginêbang datan pulih ||
3. natèng Pajang larihi[333] saking ing kanan | radèn dipun larihi | lir pendah parênjak | tinajèn datan kêna | rahadèn sampun rêspati | alolah[334] watang | kudanira [kuda...]
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raja Pajang dan Raja Prenggi menyerang Panji Wanengpati.]
--- [f. 101r] ---
[...nira] anirig ||
4. duk kasêliring dukaning sura kang liman |[335] gajah ngêluba[336] angêrik |[337] sang nata kasingsal | tiba siti kalumah | macucu sarya madêlik[338] | apuringisan | irunge kêna tai ||
5. si kakikne angising nara parênah | sarya ingigit-igit | nulya nitih kuda | nandêr agorewelan | angêmbat watang ngêlarihi |[339] putung ginêbang | Mêtaun anututi ||
6. dyan tinitir Rahadyan Putra Kuripan | nanging tatan apulih | kasêliring binutar[340] |[341] kenging kubaning[342] liman | sang nata tiba ing siti | katenggor sela | bênjut êndhase cêngkir ||
7. pan macoco anuli wahana kuda | lawungira kumitir | ngêmbat lir putunga | tandange sarikutan | waose cèkèl pangrawit | sigra nêrajang | pan asru angêlarihi |[343]|
8. sruning watang prasamya gêbang-ginêbang | nanging tan ulih undhil | asru
[Ilustrasi]
[Redaksi: Raden Panji Wanengpati berhasil menjatuhkan Raja Metaun dan Raja Prenggi dari atas gajah.]
--- [f. 101v] ---
dènnya ngucap | lah tamèngana dhadha | yèn sira padha prajurit | aja na indha | iku aran prajurit ||
9. radèn putra arum wijiling wêcana | payo ta natèng Parênggi |[344] sira têkakêna | aja sumêlang manah | sang nata nulya ngêlarihi |[345] rahadèn putra | tamèng jaja tan girsir[346] ||
10. pan anitir panubakira kang nata | nanging tan miyatani | engga panjang putra | sinasog[347] alang-alang | malèsèt pan ara[348] busik | Mêtaun nrajang | anubak saking kèri ||
11. nulya ngucap Sang Nata Suryanêrada | lah malêsa Apanji | payo anubaka | sun tamèng ajaja |[349] angunus waos Sang Panji | ingêbat-êbat[350] | lawungira kumitir ||
12. payo ta lah sang nata sira tapaa[351] | suguhe wong Kadhiri | sang nata saurnya | mara sun tadhah jaja | sira Panji Wanèngpati | sigra winawas | lawungira Apanji ||
13. Ki Kumarang pucuke mêdal dahana | jaja anrus ing gigir |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Panji Wanengpati mengarahkan tombaknya ke dada Raja Suryanerada.]
--- [f. 102r] ---
sang nata anglênggak | niba banjur palêstra | natèng Mêtaun ningali | lamun kang raka | ing mangke angranuhi ||
14. langkung duka Mêtaun sigra nêrajang | radèn putra ngêlarihi |[352] jaja nrus walikat | lênggak anulya pêjah | janggane tinigas agêlis |[353] karone pisan | pinajêr[354] pinggir kali ||
15. radèn putra nulya wau subar-subar | wong Pajang wong Parênggi | payo angrubuta | gustimu wus san[355] tigas | su[356] panjêr pinggire kali | sira yèn srisna[357] | lah ta ngumuka aglis ||
16. lamung[358] têrsna sira aduwe bêndara | ngamuka sun tadhahi | sakyèh wadya sabrang | sarêng sira tumingal | bêndarane wus ngêmasi | manonnya ilang | langkung giris kang ati ||
17. Kae Dhayok kalawan Menah Prasănta | cêluk-cêluk kang pati | hèh wadya ing sabrang | apa ta ayun gêsang | yèn sira ayun amati | sira piliha | yèn têluk sun uripi ||
[Ilustrasi]
[Redaksi: Kepala Raja Suryanerada dan Raja Metaun dipenggal oleh Panji Wanèngpati, kemudian dijajar di pinggir sungai.]
--- [f. 102v] ---
18. wadya sabrang asaur manuk sêdaya | kula pêlaur urip | Ki Prasănta ngucap | bongkukên[359] tubakira | sêdaya samya bongkoki | cacah manusya | kalih nambang kang urip ||
19. radèn putra arum wijiling wêcana | èstua ujar mami | karine kang pajah[360] | sira padha muliha | wong sabrang muliha dhingin | pasthi muliha | nagrine sabrang maning ||
20. ana maning kang gêntèni sri nalendra | prayoganipun patih | dening Ratu Pajang | măngsa bodhoa sira | ing sayugya kang gumanti | besuk kanaa | angidhêm[361] marang mami ||
21. wadya sabrang sadaya atur sandika | tan sagêt amangsuli | maring sih andika | langkung kalingga murda | èstu dewa luwih ing |[362] kang malêsêna | malih ngandika Panji ||
22. lah ta payo aja sira kêlayatan | atur sêbah[363] apatih | mangrêpa suku sang | nulya nupak baita | sêdaya tan wontên kari | sisane pêjah | jangkar sampun tinarik ||
[Ilustrasi]
[Redaksi: Patih Pajang beserta pasukannya menyerah dan berterima kasih kepada Panji Wanengpati karena diijinkan kembali ke negaranya. Juga terlihat Prasanta dan Prajudih.]
--- [f. 103r] ---
23. sami nêngah prasamya ababar layar | ucapên para sêlir | prasami karuna | syarane kadya gêrah | ana milu ayun mati | dhatêng nalendra | mangkana Radèn Panji ||
24. manghsih[364] manggung nèng kuda Rahadèn Panjya | jêjarane tulya sri | lir Sang Yang Asmara | ngalela songsong jênar | kasmaran ingkang ningali | lir Yang Asmara | maring Rahadyan Panji ||
25. kang satêngah asambat kanga asmara | kutuwane wak mami | yèn nara belaa | maring sri naranata | katon trisnane ing kami | satêngah ngucap | wus jamake pawèstri ||
26. dadi tawan kinarya tohing ayuda | nadyan kina ing mangke |[365] witning yèn jayaa | yudane gustiningwang | pasthine abayong putri | kaya pa ingkang | tan duman sun lakoni ||
27. kang satêngah ana sêlire sang nata | samya agunêm pikir | priye mungguh sira | tan wande yèn têtawan | balikan pikirên dhingin | mungguh sang nata | apa galane
[Ilustrasi]
[Redaksi: Dengan naik kapal, rombongan Patih Pajang beserta pasukannya kembali pulang ke negaranya.]
--- [f. 103v] ---
dhingin ||
28. kang satêngah saure asêmu sugal | sira tan tan duwe pikir |[366] atimu gêrowah | kudu mèlu abela | apan nora ngrasa dhingin | anggung linara | sinakitakên ati ||
29. wontên malih garwanira sri nalendra | arane Mangkuêsih | arum kang wêcana | mêngko ta pirsakêna | ya ta kramaning wong laki | ingsun saloka | ujare guru mami ||
30. wong akrama ingkang yogya linabuhan | lara kêlawan pati | yèn tan wontên priya | nara nulih dyah liyan | sarta amurugi bêcik | nyêgah ing lirwa | don abăngga lan krami ||
31. ujaring wong sarat jaja linampahan | iku ingkang prayogi | lampah samêtara | mungguhing wong akathah | yèn durung têka kang jangji | aran wanudya | yèn tuhu mring akrami ||
32. sadangune sêdaya agunêm cipta | Prasănta lan Prajudhih | lan Menak Kartala | asru gènira majar | hèh sakèhing para sari |
[Ilustrasi]
[Redaksi: Para selir raja sebrang sedang berbincang-bincang tentang nasib mereka setelah kalah perang.]
--- [f. 104r] ---
padha dandana | printahe Sang Apanji ||
33. dina mêngko rahadèn badhol mring kutha | lah payo dipun agêlis |[367] aja kalayatan | măngsa silih wurunga | nulya sami arumihin | sami wahana | samarga sami kingkin ||
34. kang satêngah ana kang anjadhok ika | sawênèh luhnya mijil | lir kawêlasarsa | wau ingkang ngirida | Ki Prasănta lan Prajudhih | anitih kuda | lênggak-lêngguk wong kalih ||
35. Ki Parsănta[368] samarga asukan-sukan | payo dipun agêlis | tan wontên kèndênnya[369] | dhasar juwèh Ki Sănta | bok ayu lah dipun agêlis |[370] sampun sêmutan | jarane dèn camêthi ||
[Ilustrasi]
[Redaksi: Di atas kuda tampak Ki Prasanta dan Ki Prajudih sedang mengawal para selir raja sebrang.]
--- [fs. 4r] ---
History
of
A Rajah of Kaling
whose Country being troubled with a Plague of Pestilence
He offered the Princes his Daughter in marriage to any one who would relieve the Country from that Evil
ending with the Battle of Cadiri
between
Raden Panjee and the foreign Rajahs Devo-Coosooma & his Bretheren Lumboo Vijaya and Lumboo Pangerang
who went to the Negree Kaling
Presented by Mr. Rothenbuhler of Soerabaya
February 1812
1 | Kurang satu suku kata: salirane radèn putra. (kembali) |
2 | brangti. (kembali) |
3 | thathit. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: gludhug gêlap liwêran. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: pan kawula anitis kayu api. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: pan anitis dipăngga. (kembali) |
7 | pinronggolan. (kembali) |
8 | Lenih satu suku kata: nyai-nyai ing ludira kang putih. (kembali) |
9 | mungging. (kembali) |
10 | anggèr. (kembali) |
11 | panganggêpe. (kembali) |
12 | Lebih dua suka kata. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: ing putrane trisnane sang aji. (kembali) |
14 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: myang punggawa sakèh putra Kêling. (kembali) |
15 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: kasusrah sabumi. (kembali) |
17 | Biasanya guru lagu o: kêdhaton. (kembali) |
18 | pinunjul (dan di tempat lain). (kembali) |
19 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: Dyan Jêjêtan sang diyah wastane. (kembali) |
21 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
22 | Lebih satu suku kata: langkung sangêt anglawung jiwane. (kembali) |
23 | Metrum tembang ini tidak konsisten sehingga tidak dapat diidentifikasikan. Tidak ada jumlah gatra per bait (guru gatra) atau jumlah suku kata (guru wilangan) yang konsisten. (kembali) |
24 | Kurang satu suku kata: ajar-ajar kêlawan wêwasi. (kembali) |
25 | nambani. (kembali) |
26 | Kurang dua suku kata: sakèh para tapa anambani. (kembali) |
27 | Biasanya guru lagu e: karsane. (kembali) |
28 | Biasanya guru lagu o: sêpoh. (kembali) |
29 | Kurang satu suku kata: Tumênggung Kalamisani rane. (kembali) |
30 | gadhah. (kembali) |
31 | dening. (kembali) |
32 | Kurang satu suku kata: alit mêlaka ing pangambile. (kembali) |
33 | Kurang satu suku kata: dening pangapdène ingkang bibi. (kembali) |
34 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
35 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
36 | tumpêng. (kembali) |
37 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
38 | Biasanya guru lagu i: mangkin. (kembali) |
39 | Lebih satu suku kata: ujare swara marang sang aji. (kembali) |
40 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
41 | lêlumbana. (kembali) |
42 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
43 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
44 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
45 | umbul-umbule. (kembali) |
46 | Lebih dua suku kata: baitra akèh angiring. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: anjala ulam ing kêdhung. (kembali) |
48 | adêrês. (kembali) |
49 | sêntoring. (kembali) |
50 | ingungkaban. (kembali) |
51 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
52 | panjinge. (kembali) |
53 | Kurang satu gatra: gatra ke-5 (7a). (kembali) |
54 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
55 | ingungkaban. (kembali) |
56 | Kurang satu suku kata: sira monga duwènana. (kembali) |
57 | Căndralata. (kembali) |
58 | Kurang satu suku kata: angrèh saha nandhang wirang (kembali) |
59 | sana. (kembali) |
60 | driya. (kembali) |
61 | langgatan. (kembali) |
62 | ginoyang (dan di tempat lain). (kembali) |
63 | citraka. (kembali) |
64 | nuli. (kembali) |
65 | Biasanya guru lagu e: mulèh. (kembali) |
66 | Kurang satu suku kata: Lêmbusyara rêna tyase. (kembali) |
67 | Lêmbusyara (dan di tempat lain). (kembali) |
68 | nimbal. (kembali) |
69 | tontonan. (kembali) |
70 | Lêmbupangarang. (kembali) |
71 | wruh. (kembali) |
72 | Lebih satu suku kata: kang andon anglarung jiwa. (kembali) |
73 | Inukêrtapati (dan di tempat lain). (kembali) |
74 | angumbar. (kembali) |
75 | godhèg. (kembali) |
76 | asimbar. (kembali) |
77 | Biasanya guru lagu e(o). (kembali) |
78 | pambegal. (kembali) |
79 | gotonganipun. (kembali) |
80 | umbul-umbul (dan di tempat lain). (kembali) |
81 | lêlayu. (kembali) |
82 | Kurang satu suku kata: sasampune wahana ing turanggi. (kembali) |
83 | bodhole. (kembali) |
84 | abra. (kembali) |
85 | syarga. (kembali) |
86 | Kurang satu suku kata: saking syarga adi mulya. (kembali) |
87 | laweyan. (kembali) |
88 | radèn. (kembali) |
89 | Lebih satu suku kata: kagyat tyasira sang nata. (kembali) |
90 | kakangêmbok. (kembali) |
91 | Căndralata. (kembali) |
92 | Kurang satu suku kata: kang Jaka raka nuli. (kembali) |
93 | adola. (kembali) |
94 | santun. (kembali) |
95 | tumbas (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
96 | pintên. (kembali) |
97 | amborong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
98 | Lebih satu suku kata: radèn putra talène amung sêkawan. (kembali) |
99 | anulya. (kembali) |
100 | Kurang satu suku kata: anuli sinukakêna. (kembali) |
101 | anampani. (kembali) |
102 | andhadhapakên (dan di tempat lain). (kembali) |
103 | ngambil. (kembali) |
104 | sanggup. (kembali) |
105 | Kurang satu suku kata: Jaka Karung anulya angêsèngana. (kembali) |
106 | Karumbang. (kembali) |
107 | Lebih satu suku kata: hèh Wilangon dipun aglis. (kembali) |
108 | tatela. (kembali) |
109 | amungsêr. (kembali) |
110 | Lebih satu suku kata: janggane anglunging gadhung. (kembali) |
111 | Kurang satu suku kata: pira lawasing ing mangkin. (kembali) |
112 | gumlêgêr. (kembali) |
113 | pondhongana. (kembali) |
114 | joli (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
115 | bocah (dan di tempat lain). (kembali) |
116 | amondhongi (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
117 | tumruna. (kembali) |
118 | cinaoskên. (kembali) |
119 | Biasanya guru lagu i: èstri. (kembali) |
120 | dharat. (kembali) |
121 | Lebih satu suku kata: alun-alun gapura saking gledhegan. (kembali) |
122 | pangayap. (kembali) |
123 | kinăndha. (kembali) |
124 | Prênggi. (kembali) |
125 | Pajang. (kembali) |
126 | Lebih satu suku kata: karsane yèn anglamara. (kembali) |
127 | Kurang satu suku kata: maring putri wong Daha. (kembali) |
128 | botên. (kembali) |
129 | atampa. (kembali) |
130 | kinèngkèn. (kembali) |
131 | Kurang satu suku kata: wus kadhadha surasaning jro nawala. (kembali) |
132 | Lebih satu suku kata: hèh patih tampakna aglis. (kembali) |
133 | winaca. (kembali) |
134 | anganggo. (kembali) |
135 | mungguhing. (kembali) |
136 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
137 | Kurang satu suku kata: lamun lampahing ingutus. (kembali) |
138 | Kurang satu suku kata: dhasar wong asugih wani. (kembali) |
139 | Kurang satu suku kata: syaraning wong akasukan. (kembali) |
140 | sapi. (kembali) |
141 | Kurang satu gatra: gatra ke-5 (7a). (kembali) |
142 | ratu. (kembali) |
143 | Lebih dua suku kata: putranira nimas rêtna. (kembali) |
144 | ginanda. (kembali) |
145 | sêsăngka. (kembali) |
146 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: dumêling kadya sêsăngka. (kembali) |
147 | Lebih satu suku kata: akampuh gadhung rinukmi. (kembali) |
148 | ajamang. (kembali) |
149 | wêlu. (kembali) |
150 | sêsăngka. (kembali) |
151 | Kurang satu suku kata: netrane asara wadya. (kembali) |
152 | Lebih satu suku kata: janggane anglunging gadhung. (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata: wajanya anglaring kombang. (kembali) |
154 | Lebih satu suku kata: yèn lumampah gandrung-gandrung. (kembali) |
155 | cinandraa. (kembali) |
156 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
157 | pawonganipun. (kembali) |
158 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu e(o): ibu syari kang angampèng. (kembali) |
159 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu e(o): tansah winangwang putrane. (kembali) |
160 | Kurang satu suku kata: dhuh-adhuh atmajaningwang. (kembali) |
161 | kuntung. (kembali) |
162 | Lebih satu suku kata: lancingan cindhe pinêrmas. (kembali) |
163 | mêncorong. (kembali) |
164 | Lebih satu suku kata: saking ing swarga mulya. (kembali) |
165 | sinêmbadan. (kembali) |
166 | Lebih satu suku kata: saking ing swargaluka. (kembali) |
167 | gêndhing. (kembali) |
168 | tindake. (kembali) |
169 | nambungi. (kembali) |
170 | Kurang satu suku kata: samya asondhèr kampuhe. (kembali) |
171 | pêngangge. (kembali) |
172 | Kurang satu suku kata: payung agung iring kanan. (kembali) |
173 | Kurang satu suku kata: abeda munggèng ing ngayun. (kembali) |
174 | nêningal. (kembali) |
175 | kumbala. (kembali) |
176 | Kurang satu suku kata: para nalendra sêkawan. (kembali) |
177 | angèstrèni. (kembali) |
178 | lon. (kembali) |
179 | ngêdhatun. (kembali) |
180 | Ki. (kembali) |
181 | kaparang. (kembali) |
182 | Kurang satu suku kata: asampun kaparang adoh. (kembali) |
183 | sêmbada (dan di tempat lain). (kembali) |
184 | Kumudaningrat. (kembali) |
185 | angsala. (kembali) |
186 | Lebih satu suku kata: saur natèng Gagêlang. (kembali) |
187 | boronga. (kembali) |
188 | sayugya. (kembali) |
189 | kamantu. (kembali) |
190 | sowang-sowang. (kembali) |
191 | pêngantèn. (kembali) |
192 | Kurang satu suku kata: sarawuhe padalêman sari. (kembali) |
193 | syarane. (kembali) |
194 | Ratih. (kembali) |
195 | nênonton. (kembali) |
196 | karongron. (kembali) |
197 | Kurang satu suku kata: anêlahi mring sang karongron sih. (kembali) |
198 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
199 | Lebih satu suku kata: nir tataning jalmi. (kembali) |
200 | Lebih satu suku kata: tansah minggah ing amidakane. (kembali) |
201 | Lebih satu suku kata: lir brêmana ayun ngingsêp sari. (kembali) |
202 | sambate (dan di tempat lain). (kembali) |
203 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
204 | Kurang satu gatra: gatra ke-4 (10i). (kembali) |
205 | Kurang satu suku kata: anglir brêmara angingsêp sari. (kembali) |
206 | Lebih satu suku kata: sêkare anglayon. (kembali) |
207 | Biasanya guru lagu e: wangêne. (kembali) |
208 | Kurang dua suku kata: karantan-rantan arsa amalih. (kembali) |
209 | dyah. (kembali) |
210 | ngolang-aling. (kembali) |
211 | Biasanya guru lagu o: kêdhaton. (kembali) |
212 | rambulan. (kembali) |
213 | Kurang dua suku kata: ana ingkang angundhuhi sari. (kembali) |
214 | kaloron. (kembali) |
215 | Kurang satu suku kata: gèn kaloron kalangkung patute. (kembali) |
216 | sinjangipun. (kembali) |
217 | Biasanya guru lagu o: winangon. (kembali) |
218 | pratiwi. (kembali) |
219 | kêloron. (kembali) |
220 | Kurang satu suku kata: sang juwita gya sira ngabêkti. (kembali) |
221 | Lebih satu suku kata: nyai gêdhe angling. (kembali) |
222 | Lebih satu suku kata: wong ngladosi kakung. (kembali) |
223 | Kurang satu suku kata: sakawan prakara salukane. (kembali) |
224 | Lebih satu suku kata: kang gêmi nastiti. (kembali) |
225 | Biasanya guru lagu i: têgêsing gêmi lawan nêstiti. (kembali) |
226 | panganggone. (kembali) |
227 | Biasanya guru lagu i: karsaning. (kembali) |
228 | Lebih satu suku kata: têgêsing sang dyah bêkti mring laki. (kembali) |
229 | dewa. (kembali) |
230 | Kurang satu suku kata: prasamakêna dewa mangkene. (kembali) |
231 | Kurang satu suku kata: dèn agêmia ing sakalire. (kembali) |
232 | Kurang satu suku kata: acandhak sabda ingkang karihin. (kembali) |
233 | anyolong. (kembali) |
234 | Lebih satu suku kata: dèn prayitnèng nini. (kembali) |
235 | Kurang satu suku kata: kandhêm tan amawi gilir. (kembali) |
236 | Lebih satu suku kata: niaya kakang Panji. (kembali) |
237 | benjang. (kembali) |
238 | graitèng. (kembali) |
239 | dhuh (dan di tempat lain). (kembali) |
240 | têmbang. (kembali) |
241 | brindhili. (kembali) |
242 | Biasanya guru lagu i: widadari. (kembali) |
243 | mèngsêm (dan di tempat lain). (kembali) |
244 | Kurang satu suku kata: mi-lami cok angrakêti. (kembali) |
245 | pasisir. (kembali) |
246 | ing. (kembali) |
247 | murtèning. (kembali) |
248 | Kurang satu suku kata: marang sang murtèning arum. (kembali) |
249 | ngomyang-ngomyang. (kembali) |
250 | êmbuh-êmbuh. (kembali) |
251 | biyadane. (kembali) |
252 | Kurang satu suku kata: biyadane wong Mamênang. (kembali) |
253 | najan. (kembali) |
254 | singgat. (kembali) |
255 | kingkin. (kembali) |
256 | amarikêlu. (kembali) |
257 | Kurang satu suku kata: yèn mêngkono wong Kadhiri. (kembali) |
258 | Kurang satu suku kata: samêktaa dan ajurit. (kembali) |
259 | rakita. (kembali) |
260 | Kurang satu suku kata: kang kinarya tindhih ngayun. (kembali) |
261 | Lebih satu suku kata: Mênggung Kêbo Larodan. (kembali) |
262 | gurnat. (kembali) |
263 | tampiling. (kembali) |
264 | obar-abir. (kembali) |
265 | tamsir. (kembali) |
266 | Biasanya guru lagu u. (kembali) |
267 | obah. (kembali) |
268 | soroh. (kembali) |
269 | rinayah. (kembali) |
270 | pitik. (kembali) |
271 | robing. (kembali) |
272 | Kurang satu suku kata: ing ngayunane atarap. (kembali) |
273 | Kurang lima suku kata. (kembali) |
274 | datu. (kembali) |
275 | Menak (dan di tempat lain). (kembali) |
276 | Kurang satu suku kata: kampuh rèjèng pinarada tulya sri. (kembali) |
277 | bintulu. (kembali) |
278 | Lebih satu suku kata: witning Panji Rawisrêngga. (kembali) |
279 | amakuwon. (kembali) |
280 | Prênggi (dan di tempat lain). (kembali) |
281 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
282 | Lebih dua suku kata: sampun yayi tumut ngluruk. (kembali) |
283 | Suryanarada. (kembali) |
284 | umangkat. (kembali) |
285 | Lebih satu suku kata: anyinapan wahana kuda sêdarum. (kembali) |
286 | bolang-baling (dan di tempat lain). (kembali) |
287 | Lebih satu suku kata: Ranadirja ing Sêmakak datan kantun. (kembali) |
288 | Lebih satu suku kata: anglurahi ing adilaga pakewuh. (kembali) |
289 | Lebih satu suku kata: sambate kang kabranan. (kembali) |
290 | kobêr. (kembali) |
291 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
292 | kincange. (kembali) |
293 | katuta. (kembali) |
294 | pinriyêmbada. (kembali) |
295 | pinongah-pangih. (kembali) |
296 | sêdandanane. (kembali) |
297 | Kurang satu suku kata: tau anguntal mimis. (kembali) |
298 | bocah. (kembali) |
299 | Lebih satu suku kata: nirpringga marêk-marêki. (kembali) |
300 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
301 | Kurang satu suku kata: jog tumurun saking dukaning kang raka. (kembali) |
302 | Sakuthu (dan di tempat lain). (kembali) |
303 | Lebih satu suku kata: gêdhene sajruk macan. (kembali) |
304 | dikjaya. (kembali) |
305 | Lebih satu suku kata: kalih wlas Kêlêthingmungil. (kembali) |
306 | Lebih satu suku kata: Garwakăndha nglarihi. (kembali) |
307 | pan. (kembali) |
308 | tinumbuk. (kembali) |
309 | Kurang satu suku kata: sapa kakang kang dadi senapati. (kembali) |
310 | Lebih satu suku kata: Kêbo Kêndhaga lawan Raja Sakuthu. (kembali) |
311 | Lebih satu suku kata: radèn putra kinambulan ing jurit. (kembali) |
312 | apanggah. (kembali) |
313 | sêsumbar (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
314 | payo. (kembali) |
315 | sinogok. (kembali) |
316 | jêmparing. (kembali) |
317 | manunjêm. (kembali) |
318 | kiwuhan. (kembali) |
319 | kewuhan. (kembali) |
320 | Pêrsănta. (kembali) |
321 | Dhayok. (kembali) |
322 | Prasănta. (kembali) |
323 | Sadulumur. (kembali) |
324 | Kurang satu suku kata: Ki Prasănta kêlawan Ki Sadulumur. (kembali) |
325 | kinarutuk. (kembali) |
326 | jêmparing. (kembali) |
327 | panandêre. (kembali) |
328 | mamprung. (kembali) |
329 | anitih. (kembali) |
330 | ingsun. (kembali) |
331 | ikal. (kembali) |
332 | andhinginana. (kembali) |
333 | nglarihi. (kembali) |
334 | aolah. (kembali) |
335 | Lebih satu suku kata: duk kasliring dukaning sura kang liman. (kembali) |
336 | ngêlumba. (kembali) |
337 | Lebih satu suku kata: gajah nglumba angêrik. (kembali) |
338 | mandêlik. (kembali) |
339 | Lebih satu suku kata: angêmbat watang nglarihi. (kembali) |
340 | binuntar. (kembali) |
341 | Lebih satu suku kata: kasliring binuntar. (kembali) |
342 | kumbaning. (kembali) |
343 | Lebih satu suku kata: pan asru anglarihi. (kembali) |
344 | Lebih satu suku kata: payo ta natèng Prênggi. (kembali) |
345 | Lebih satu suku kata: sang nata nulya nglarihi. (kembali) |
346 | gingsir. (kembali) |
347 | sinosog. (kembali) |
348 | ora. (kembali) |
349 | Lebih satu suku kata: sun tamèngi ajaja. (kembali) |
350 | ingêmbat-êmbat. (kembali) |
351 | tampaa. (kembali) |
352 | Lebih satu suku kata: radèn putra nglarihi. (kembali) |
353 | Lebih satu suku kata: janggane tinigas aglis. (kembali) |
354 | pinanjêr. (kembali) |
355 | sun. (kembali) |
356 | sun. (kembali) |
357 | trisna. (kembali) |
358 | lamun. (kembali) |
359 | bongkokên. (kembali) |
360 | pêjah. (kembali) |
361 | angidhêp. (kembali) |
362 | Kurang satu suku kata: èstu dewa ingkang luwih. (kembali) |
363 | sêmbah. (kembali) |
364 | maksih. (kembali) |
365 | Biasanya guru lagu i. (kembali) |
366 | Lebih satu suku kata: sira tan duwe pikir. (kembali) |
367 | Lebih satu suku kata: lah payo dipun aglis. (kembali) |
368 | Prasănta. (kembali) |
369 | kèndêlnya. (kembali) |
370 | Lebih satu suku kata: bok ayu lah dipun aglis. (kembali) |