Dongèng Akal Pêngaos Kalih Sèn, Wiryaatmaja, 1917, #1240
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Rêgi dalah wragad ngintunakên wêdal ing pos f 0.21
--- [0] ---
Kenging tumbas dhatêng Dépăt van Leermiddelen ing Wèltêphrèdhên kalayan ngintunakên yatra wau mawi pos wisêl.
Dongèng Akal Pêngaos Kalih Sèn
Karanganipun Wiryaatmaja
Guru bantu ing Kêtawang (Kuthaarja)
Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan Pisêr en ko.
Wèltêphrèdhên 1917.
--- 3 ---
Serie uitgaven door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslectuur No. 299.
Dongèng Akal Pêngaos Kalih Sèn
Karanganipun Wiryaatmaja
Guru bantu ing Kêtawang (Kuthaarja)
Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr ing sêtatsêblad taun 1912 No. 600.
Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilah saking Commisie voor de Volkslectuur sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.
Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan Pisêr en ko.
Wèltêphrèdhên 1917.
--- 4 ---
Yatra Kalih Sèn Minăngka Panumbasing Akal
Kacariyos ing jaman kina, ing nagari Sidayu wontên satunggilipun sudagar wasta: Karyaarta, katêlah nama Kiyai Agêng utawi Kiyai Gêdhe. Misuwur ing sugihipun, sanagari Sidayu botên wontên ingkang nyamèni. Mila kajèn lan kèringanipun mèh sami kalihan priyantun luhur. Griyanipun wontên kawan panggenan, sadaya pinagêr banon sae, rinêngga kalangkung asri, sarta kêbak isi barang pirantos ingkang endah-endah.
Milanipun Kyai Agêng wau yasa griya kawan panggenan, awit semahipun sakawan, sami ayu ing warni sarta ênèm. Punika kagriyakakên piyambak-piyambak. Pambajêngipun nama Êmbok Wagiyêm, punika semah jakalara, karanipun êmbok sêpuh, panggulu nama Mênik, karanipun êmbok têngah, nuntên êmbok pandhadha, nama Langên, karanipun êmbok ênèm, dene semah wuragil nama
--- 4 ---
Karsih, karanipun êmbok ragil. Semah sakawan punika sami atut rukun kados sadhèrèk tunggil bapa biyung. Dene anggènipun makatên punika botên pisan sabab saking adilipun kyai sudagar, awit sanyatanipun ki sudagar taksih kenging katêmbungakên êmban klaras, êmban cindhe, nanging namung jalaran saking pangugunge dhatêng semahipun wuragil, panêngah lan panggulu, langkung-langkung dhatêng êmbok ragil, kasok sihipun kyai sudagar, prasasat katêdhaa nyawanipun, inggih kaulungakên, dados semah têtiga wau sami inguja, mèh sadaya panêdhanipun tinurutan. Samangke êmbok sêpuh kadospundi. Tangèh sagêdipun kasêmbadan kados maru-marunipun, ananging sarèhne sae manahipun, mantêp bêkti ing laki, dados salaminipun tansah narimah kemawon. Ewadene têtiyang ingkang botên sumêrêp wêwadosipun kyai sudagar, sami angalêmbana, malah wontên ingkang kawêdal ucapipun makatên: nganggoa kopyah sêmăngka, pantês bae kyai agêng sugih arta, dhasar sambada adil palamarta.
--- 5 ---
Kyai Agêng manawi nyukani pangangge utawi barang sanès-sanèsipun, ingkang kapurih milih rumiyin piyambak, êmbok ragil, lajêng êmbok ênèm, êmbok têngah, kêkantunanipun kasukakakên dhatêng êmbok sêpuh.
Kacariyos anuju satunggiling dintên, Kyai Agêng ningali barang dêdaganganipun, katingal kantun sakêdhik, amargi nalika punika mangsanipun tiyang gadhah damêl mantu, nyupitakên, lan sanès-sanèsipun. Mila barang dêdaganganipun kathah ingkang pajêng, dipun tumbas ing tiyang ingkang sami gadhah damêl wau. Saking bingahing manah amargi daganganipun laris sangêt, Kyai Agêng sumêdya kesah kilak dagangan piyambak, dhatêng nagari Nungsa Kancana, tumuntên parentah dhatêng juru sêratipun, ingkang taksih kalêrês kaponakan, awasta: Sastrarumêksa, têmbungipun:
Sastra, kowe gawea pratelan ananing barang-barang kang wis payu, lan barang kang durung payu, sajroning sapuluh dina kudu rampung, awit aku besuk tanggal ping limalas sasi iki, bakal lunga [lu...]
--- 6 ---
[...nga] kulak dagangan, mênyang nagara Nungsa Kancana, kang bakal dakgawa layar, kowe lan kancamu sudagar ana rolas.
Wangsulane Sastrarumêksa: Inggih, sandika.
Sastra nuntên mantuk, sadumugining griya enggal miwiti anggarap punapa ingkang dados parentahipun Kyai Agêng.
Kyai Agêng anggènipun parentah dhatêng juru sêratipun, pinuju wontên ing griyanipun semah ingkang ênèm piyambak. Sapêngkêring juru sêrat, lajêng wicantên dhatêng ingkang èstri, têmbungipun: Karsih, aku besuk tanggal ping limalas sasi iki, arêp lunga kulak dagangan mênyang nagara Nungsa Kancana. Amarga saka iku ênggonmu tunggu omah sing ngati-ati. Besuk yèn aku mulih, kowe anjaluk olèh-olèh apa.
Wangsulanipun êmbok ragil: Inggih kyai, kula mêmuji kawilujêngan sampeyan. Kajawi saking punika sarèhne paring sampeyan sêngkang kirang sae, mugi sampeyan tumbasakên sêngkang ingkang langkung sae, lan kalung ingkang mawi mainan barleyan [bar...]
--- 7 ---
[...leyan] sêling mirah dêlima. Gêlang olan-olan tinrètès barleyan mawi mripat mirah dêlima. Dene barang sanès-sanèsipun sumăngga sakarsa sampeyan.
Kyai Agêng: Iya dakgolèkake apa kang dadi panjalukmu. Ananging aku gawèkna sangu rokok kang enak. Sasampunipun wicantên makatên, Kyai Agêng lajêng dhatêng griyanipun êmbok ênèm, ugi wicantên kadosdene nalika wontên ing panggenanipun êmbok ragil. Wasana êmbok ênèm mangsuli: Kyai, kula mêmuji kawilujêngan sampeyan. Benjing manawi sampun dumugi ing Nungsa Kancana, kula sampeyan tumbasakên pêniti barleyan sêling mirah dêlima, sêsupe sapasang panunggul barleyan, kaapit ing mirah dêlima. Dene barang sanès-sanèsipun sumăngga sakarsa sampeyan.
Kyai Agêng: Iya dakgolèkake. Ananging aku gawèkna sangu wedang sapacitane. Bakda makatên lajêng dhatêng griyanipun êmbok têngah, ugi wicantên kadosdene kasebut ing nginggil.
--- 8 ---
Dene wangsulanipun êmbok têngah: Kula muji kawilujêngan sampeyan, dumugining purug, ngantos wangsul ing ngriki malih. Kula benjing nêdha angsal-angsal kancing gêlung barleyan sêling mirah dêlima. Lopak-lopak pênyu, tinarètès ing barleyan ugi sêling mirah dêlima. Dene sanès-sanèsipun sumăngga andhèrèk sakarsa sampeyan.
Kyai Agêng: Iya yèn ora lali. Dene kabèh-kabèh wêlingane sarwa barleyan sêling mirah dêlima ...
Bok têngah: He, la, wong bojone Kyai Agêng, yèn bojone buruhe iya trima nganggo barang mripat jênangan abang sêling bêling.
Kyai Agêng: Wis, Mênik, aja nêpsu. Mung panjalukku marang kowe, besuk aku gawèkna sêga salawuhe. Dene sangu wedang lan liya-liyane, adhimu Langên lan Karsih kang padha nyaguhi anggawèkake.
Satêlasing wicantên, Kyai Agêng lajêng dhatêng panggenanipun êmbok sêpuh. Sadumugining
--- 9 ---
ngriku lajêng linggih wontên ing pandhapi, sarta angundang-undang, têmbungipun: Yêm, Yêm, mrenea.
Êmbok sêpuh: Kula, ontên napa.
Kyai Agêng: Ya mrene, ta, wong diundang iku rak mara, aja mung mangsuli bae, mulane diundang iya ana pêrlune.
Êmbok sêpuh dhatêng kalihan wicantên: Dene ora tau-tau ngundang, ajêng diprentahi napa.
Kyai Agêng: Sarèhne besuk tanggal kaping limalas, aku arêp layar mênyang Nungsa Kancana, kowe gawea lawuh mangan lan pacitan wedang, cukupe kanggo wong têlung puluh. Awit aku arêp anggawa Si Sastrarumêksa, lan sudagar liyane rolas, măngka sudagar mau anggawa kănca niji.
Êmbok sêpuh: Dene kathah têmên, adate ming anggawa sudagar lima utawa nênêm, saniki têka anggawa rolas, ajêng dikèn napa mawon.
Kyai Agêng: Yah, aja kakehan rêmbug,
--- 10 ---
lakonana bae kang dadi prentahku. Mulane anggawa kănca akèh, iya akèh kang bakal digolèki.
Êmbok sêpuh: Ênggih pakne, ananging kula sampeyan olèh-olèhake.
Kyai Agêng: Diolèh-olèhake apa bae, apa kang dadi karêpmu, ing kene rak wis ana.
Êmbok sêpuh: He, saking kumudu-kudune duwe bojo arêp lungan. Kula sampeyan tumbasake sing jênêng akal, ontêna pangaji rong sèn mawon.
Kyai Agêng: Iya besuk, yèn ana, daktukokake. (anggènipun wicantên makatên wau, kalihan mênyat kesah dhatêng ing jamban).
Kacariyos, sarêng sampun dumugi ing tanggal gangsal wêlas ingkang kasêbut ing ngajêng, barang bêbêktan lan sangu sampun dipun tata wontên ing baita. Dene baitanipun Kyai Agêng namanipun: Pangudi, misuwur agêng santosa, tuwin endahipun. Kyai Agêng sakancanipun lajêng sami minggah ing baita, mriyêm ing baita kaungêlakên [ka...]
--- 11 ---
[...ungêlakên] kaping tiga, mratandhani ambêdhol jangkar, mangkat layar. Lampahing baita Pangudi angsal angin sae ngêncêng dhatêng nagari Nungsa Kancana. Kyai Agêng sakancanipun wontên satêngahing sagantên tansah asuka-suka nganton[1] nêlas. Lampahing baita wilujêng dumugi ing palabuhan Nungsa Kancana. Mriyêm ing baita kaungêlakên tigang rambahan, ngantos kaping kalih, mratandhani yèn Kyai Agêng Karyaarta dhatêng kados adat sabên sumêdya kilak dagangan. Sarêng para sudagar ing Nungsa Kancana, mirêng têngara wau, tumuntên sami minggah dhatêng ing baita manêmbrama ingkang mêntas dhatêng sarta ngampirakên ing griyanipun, supados ningalana barang daganganipun. Ananging Kyai Agêng dèrèng purun dhatêng griyaning para sudagar, awit taksih sayah. Mila lajêng dhatêng ing griya pasewan, pêrlu ngasokakên badanipun.
Para sudagar bêktanipun Kyai Agêng sarêng sampun sami aso, lajêng dipun êkèn ngupados dagangan ingkang sampun kasêdya saking Sidayu. Mila lajêng sami pangkat pating prênca. Wontên ingkang ngalèr, wontên ingkang ngidul, ngilèn tuwin ngetan, [nge...]
--- 12 ---
[...tan,] kilak sawarnining barang dagangan ingkang mirah ing nagari ngriku sarta lajêng kasade ing nagari Sidayu. Kyai Agêng kantun katilar wontên ing griya pasewan, namung kalihan juru sêratipun. Sabên dintên para sudagar ing Nungsa Kancana sami manggihi Kyai Agêng, tawi barang dêdaganganipun piyambak-piyambak.
Enggaling cariyos sampun kathah angsal-angsalanipun barang dagangan, punapadene ingkang dados pawêlinganing semahipun, ugi sampun angsal sadaya. Ananging namung kantun pawêlingipun êmbok sêpuh ingkang dèrèng angsal, awit Kyai Agêng waunipun kasupèn. Wêlinganing semah satunggalipun winadhahan ing pêthèn mas ingukir asri, tuwin rinêngga ing sêsotya, sarta cinirèn namanipun ingkang badhe dipun angsal-angsali, supados ing têmbe sadumugining griya, ingkang èstri sakalangkung bingah, sabab dipun angsal-angsali barang pèni-pèni langkung saking pawêlingipun. Kyai Agêng tansah anggagas, saiba badhe bingahing para semahipun, satampinipun angsal-angsal wau.
--- 13 ---
Barang tansah liniling-liling, manawi sakintên taksih wontên ingkang kuciwa, supados kalêrêsna dening kêmasan ing Nungsa Kancana. Murih saenipun. Sadangunipun maspaosakên kawontênaning barang-barang wau, kasambi wicantênan kalihan juru sêratipun. Têmbungipun Kyai Agêng: Sastra, mara dêlêngên barang ing pêthèn têlu iki, êndi kang kurang bêcik, aranana.
Sastrarumêksa lajêng mêndhêt pêthèn satunggal, kawaspaosakên kawontênanipun. Sarêng sampun cêtha anggènipun ningali pêthèn, lajêng kabikak tiningalan isinipun. Sangêt eramipun Sastrarumêksa, sumêrêp barang ingkang langkung sae punika, amargi salaminipun gêsang dèrèng nate sumêrêp barang ingkang sae kados makatên. Sarêng pêthèn tiga wau sampun tiningalan sadaya, lajêng matur dhatêng Kyai Agêng, têmbungipun: Mênggah kawontênanipun barang punika sadaya, saking pamanggih kula sampun botên wontên ingkang kuciwa. Tumrap ing nagari Sidayu, kajawinipun sang prabu, kados botên wontên ingkang gadhah barang makatên saenipun. [sae...]
--- 14 ---
[...nipun.] Punika sintên kemawon ingkang badhe kaparingan angsal-angsal.
Kyai Agêng: Dêlêngên tulisan ing tutuping pêthi iku. Iya iku kang bakal anduwèni.
Sastrarumêksa: Punika kangge êmbok têngah, punika kangge êmbok ênèm, punika kangge êmbok ragil ... Ingkang kangge angsal-angsal êmbok sêpuh pundi.
Kyai Agêng: O, la, iya, aku lali, durung ana.
Sastrarumêksa mirêng têmbungipun Kyai Agêng makatên punika, ing batos gumujêng, ciptanipun: Hêm, sing ênom-ênom bae sing dipêrlokake, kang tuwa ora dipikir.
Kyai Agêng kèndêl ngantos dangu, mikir-mikir kadospundi prayoginipun, supados sampun andadosakên gêlaning semah ingkang sêpuh piyambak. Wasana kèngêtan yèn êmbok sêpuh wêling supados katumbasna akal pêngaos kalih sèn kemawon. Ananging piyambakipun dèrèng nate sumêrêp ingkang nama: akal punika, mila judhêg ing manah. Wasana pitakèn dhatêng
--- 15 ---
Sastrarumêksa, têmbungipun: Sastra, apa kowe sumurup apa kang diarani akal. Yèn kowe sumurup mara tuduhna ing êndi panggonane, awit iku kang dadi wêlingane êmbokmu tuwa.
Sastrarumêksa: Salami kula gêsang dèrèng nate sumêrêp warninipun: akal.
Kyai Agêng rumaos isin sangêt, dene dipun wêlingi pangaos kalih sèn kemawon badhe botên sagêd angsal. Pêpuntoning manah sumêdya kesah ngupados tiyang ingkang sade akal. Dene Sastrarumêksa kapurih têngga wontên ing griya pasewan, ngrêksa sakathahing barang-barang. Ananging sadèrèngipun Kyai Agêng kesah, atilar wêling dhatêng juru sêratipun: Sastra, kowe karia ana ing pondhokan kene, kang ngati-ati, aku arêp lunga, sumêdya golèk kang diarani akal.
Sastrarumêksa: Inggih, sandika.
Kyai Agêng enggal mangkat botên mawi ambêkta kănca, lampahipun anjujug ing pêkên. Sabên bakul dipun takèni: Apa adol akal. [a...]
--- 16 ---
[...kal.] Sakathahing bakul ingkang dipun takèni sami mangsuli: Sampun ingkang sade, sumêrêp dhatêng ingkang nama akal kemawon dèrèng. Kyai Agêng sangêt judhêg ing manahipun, dene sampun takèn mrika-mriki, botên wontên ingkang nêrangakên wujudipun ingkang nama akal. Bibar pêkên tiyang-tiyang ingkang sami têtumbas, sarta para bakul sampun sami mantuk, Kyai Agêng taksih wontên pêkên linggih wontên ing lincak alit, ingkang mêntas kangge dhasar jêjanganan. Ing ngriku Kyai Agêng sumêrêp, sakathahing kere ingkang mêntas sami ngêmis, ngêmpal dados sapanggenan. Wontên ingkang ngratêngi angsal-angsalanipun ngêmis, wontên ingkang tilêman, wontên ingkang gêgujêngan. Kyai Agêng sumêrêp polahing kere makatên punika, lajêng ngrêsula kawêdal têmbungipun: Ing atase wong kang tinitah urip mangkana, dene bisa sênêng-sênêng, kaya-kaya ngungkuli kasênênganaku. Kapara aku iki kang dititahake sugih, bisa mangan kang enak-enak, mênganggo sarwa bêcik, ora bisa kadunungan sênêng kaya wong kang dakwatara [dakwata...]
--- 17 ---
[...ra] sangsara uripe iku. Coba aku dakngumpuli kere-kere iku, êmbokmanawa ana sawijining kere kang wêruh rupaning akal. Kyai Agêng lajêng numbasi sakathahing têtêdhan, kasukakakên dhatêng kere ingkang wontên ing ngriku. Tandanging kere anggènipun nêdha, kumrubut rêbatan ambujêng kathahing panêdhanipun. Sarèhne têtêdhanipun kathah sangêt, kere-kere wau ngantos sami katuwukkên. Wontên ingkang mêkêh-mêkêh, dhêlêg-dhêlêg, utawi glintingan, awit kêmlakarên. Wontên satunggiling kere ingkang sae budinipun, botên purun tumut nêdha. Sadanguning kănca-kancanipun sami rêbatan, piyambakipun ugi tumut angrêbat, ananging manawi angsal lajêng kasukakakên dhatêng kancanipun ingkang botên sagêd tumut angrêbat, awit badanipun sêsakitên. Makatên punika ngantos kancanipun ingkang botên sagêd anggulawat, sami sagêd tuwuk sadaya. Kere ingkang ambêk wêlas wau, sarêng sumêrêp solahing kănca ingkang sami katuwukkên, lajêng wicantên sora: iku têmahane [têmah...]
--- 18 ---
[...ane] wong kang tanpa pamikir, dupèh ana panganan akèh, anggonmu mangan korosani bae, tanpa dêduga lan watara. Saiki kowe ngrasakake paukuman, amarga saka ing murkamu. Kawruhana: mungguh ing pamangan iku ora kêna dirosani, kakehan mangan iku andadèkake sangsaraning awak, bisa uga anjalari karusakaning awak. Balik mangan kanthi dêduga lan watara, iku mupangati awak, mulane samubarang gawe lakonana samurwate, aja kanthi pangăngsa-angsaning ati ...
Wicantêning kere sawêg dumugi samantên, kandhêg dipun undang dening Kyai Agêng. Têmbungipun: Ki sanak, dika mriki kula ajêng takon.
Kere mangsuli: Sampeyan ngundang kula. Ontên napa.
Kyai Agêng: Mulane dika kula undang, kula ajêng takèn têng dika. Napa dika wêruh kang diarani akal.
Kere: Ing atase wong kang loma lan welas asih sapadha-padha, têka takon kang aran akal, niku ajêng dika gawe napa.
--- 19 ---
Kyai Agêng: Ajêng kula gawe olèh-olèh bojo kula, dhèwèke anjaluk kang aran akal.
Kere: Êmpun ta, yèn dika ajêng pados akal, ga[2] dika tumut ing salaku kula, kula tuduhake wong kang adol akal.
Kyai Agêng: Ênggih, kula manut mawon, anggêre dituduhake ênggone wong adol akal.
Kyai Agêng lajêng tumut salampahing kere wau. Saking pêkên mêdal dhatêng sajawining kitha. Lampahipun ngalèr ngilèn anjujug ing rêdi alit, ingkang botên têbih saking kitha Nungsa Kancana. Sadumugining rêdi lajêng lumêbêt ing guwa, Kyai Agêng botên kantun. Dene guwa wau manawi tiningalan saking jawi katingal samun tuwin pêtêng. Kyai Agêng sadèrèngipun lumêbêt ing guwa, manahipun dhêg-dhêgan uwas-uwas, kados-kados badhe kèndêl wontên sangajênging guwa kemawon. Ananging sarèhne sampun pitados dhatêng kere ingkang têrang ing
--- 20 ---
budi, dados inggih mêksa lumêbêt ing guwa. Sarêng lumêbêt antawis angsal pitung tindak, byar katingal padhang nrawang, kados dinilahan. Ing ngriku katingal wontên satunggiling tiyang sêpuh, rambut lan jenggotipun sampun pêthak, lênggah timpuh wontên ing sela ingkang saèmpêr kursi. Mênggah sang maratapa punika kasêbut nama: Kyai Agêng Êning. Dene pêkir ingkang dipun turut dening Kyai Agêng Karyaarta awasta: Buka. Buka sujud dhatêng sang maratapa. Kyai Agêng ugi tumut sujud anut lêkasipun, Buka. Sang maratapa andangu: Buka, apa padha slamêt têkamu ing kene.
Buka: Inggih wilujêng saking sawab panjênêngan kyai.
Kyai Agêng Êning: Wong kang ana ing burimu iku sapa, lan sêdyane têka mrene arêp apa.
Buka: Punika sudagar ing Sidayu, sumêdya ngupados ingkang nama akal.
Kyai Agêng Êning: He, sudagar, sapa jênêngmu, lan apa pêrlune dene kowe golèk akal.
--- 21 ---
Kyai Agêng: Nama kula Karyaarta. Dene anggèn kula ngupados ingkang nama akal, awit semah kula ingkang sêpuh piyambak, nêdha angsal-angsal ingkang nama akal.
Kyai Agêng Êning: Lo, apa sababe dene bojomu koarani kang tuwa dhewe, apa kowe wayuh.
Kyai Agêng: Inggih wayuh, semah kula sadaya sakawan, ingkang tiga sampun kula tumbasakên ingkang dados panêdhanipun. Nanging kantun semah kula ingkang sêpuh piyambak nêdha angsal-angsal akal, kula dèrèng sagêd numbasakên, awit botên wontên tiyang sade. Amargi saking punika manawi sarjuning panggalih, kula nyuwun kagungan panjênêngan akal, sapintên rêginipun kula caosi arta.
Kyai Agêng Êning: Akal iku rêgane mung rong sèn, ananging kudu ana kanthine, iya iku têmên-têmên lan gêlêm anglakoni.
Kyai Agêng: Inggih, inggih, punapa ingkang dados dhawuh panjênêngan kula lampahi, sok ugi kula kaparingan ingkang nama akal kemawon.
--- 22 ---
Kyai Agêng Êning: Yèn kowe wis saguh, măngka ora kolakoni, sangganên supataku: aja lumrah wong uripmu.
Kyai Agêng: Nuwun inggih, sandika.
Kyai Agêng Êning: Yèn kowe besuk mulih, satêkani[3] palabuhan Sidayu, aja nganggo tăndha kaya adat sabêne, kancamu konên tunggu ana ing prau, kowe nganggoa sandhangan momohan kaya panganggone kere. Nuli nêmonana marang bojomu, katêmua bojo kang ênom dhewe, saurute, wêkasane katêmu karo bojomu kang tuwa dhewe. Yèn ditakoni: apa sababe nganggo sandhangan kang kaya mangkono iku, wangsulana: praune kèrêm, kabèh barang-barang êntèk kalêbu ing sagara, măngka barang mau akèh kang durung dibayar. Wis mung mangkono pituturku marang kowe, panjalukku muga lakonana kang têmên-têmên, mêngko kowe bakal wêruh kang diarani akal sanyata. Wis ta, êndang muliha dakdongakake slamêt.
Kyai Agêng: Sangêt gêng panuwun kula, dhatêng pitêdah [pitê...]
--- 23 ---
[...dah] panjênêngan, kyai. Sumăngga kula ngaturi yatra sawontênipun.
Kyai Agêng Êning: Ah, mungguhing aku dhuwit akèh-akèh diênggo apa. Aku trima anjupuk rong sèn, minăngka pambayare akalku.
Kyai Agêng: Nuwun inggih, sampun kula kalilan mantuk.
Kyai Agêng Êning: Iya, muliha, aja kasuwèn ana ing Nungsa Kancana kene, mundhak wurung kang dadi kêkarêpanamu.
Kyai Agêng lajêng mêdal saking guwa, raosing manahipun sênêng sangêt, kapengin sumêrêp kadospundi kawontênanipun ing têmbe. Lampahipun gêgancangan, daya-daya dumugia ing griya pasewan.
Kacariyos Sastrarumêksa ingkang têngga barang-barang wontên ing griya pasewan, sangêt anggènipun ngajêng-ajêng dhatêngipun Kyai Agêng, dene sampun dangu têka botên wangsul, kadospundi kawontênanipun, punapa angsal ingkang nama akal, punapa botên, dene têka anèh têmên namanipun, kados punapa wujudipun. [wujudi...]
--- 24 ---
[...pun.] Sadangunipun manah-manah ingkang samantên, mirêng suwaraning kreta dhatêng. Sastrarumêksa gurawalan mêthuk. Kyai Agêng enggal-enggal takèn, têmbungipun: Sastra, apa slamêt kahananmu ing kene.
Sastrarumêksa: Saking pangèstunipun kyai, inggih wilujêng. Kyai, punapa angsal anggèn panjênêngan ngupados akal.
Kyai Agêng: Iya olèh.
Kyai Agêng pitakèn malih: Sastra, sudagar-sudagar kang padha kulak dagangan, apa wis cukup ênggone têtuku.
Sastrarumêksa: Sampun, malah sampun kainggahakên ing baita sadaya.
Kyai Agêng: Kabênêran, apa ing sakira bisa budhal mulih sesuk.
Sastrarumêksa: Sagêd, amargi sampun sami aso badanipun, mila sami ngajêng-ajêng konduripun kyai.
Kyai Agêng: Mara saiki parentahana sadhiya, aku sesuk mulih marang Sidayu.
Sastrarumêksa: Inggih sandika.
--- 25 ---
Para sudagar lan punggawa ing baita sarêng tampi parentah ingkang makatên, tumuntên sami tumandang ing damêl, nata barang-barang wontên ing baita. Enjingipun para sudagar sakancanipun tumuntên sami minggah ing baita, kantun Kyai Agêng kalihan Sastrarumêksa ingkang dèrèng. Sarêng kyai agêng kalihan Sastrarumêksa sampun minggah, tukang mriyêm lajêng ngungêlakên mriyêm kaping tiga. Baita lajêng mangkat layar wangsul dhatêng Sidayu. Mundhi pangèstunipun Kyai Agêng Êning, lampahing baita pangudi, ambêkta têtiyang saha barang sadaya wau angsal angin sae angênêr dhatêng nagari Sidayu. Botên antawis dangu tanah Nungsakancana sampun botên katingal. Sarêng lampahing baita sampun wontên satêngah-têngahing sagantên, kyai agêng rêrêmbagan kalihan kancanipun: ing têmbe manawi sampun cêlak ing Sidayu, botên suka adamêl têngara utawi ngungêlakên mriyêm kados adat sabênipun. Lan malih kyai agêng badhe minggah ing dharat rumiyin. Sakathahing kancanipun botên kenging minggah ing dharat sadèrèngipun kyai agêng wangsul dhatêng [dha...]
--- 26 ---
[...têng] baita malih. Botên antawis lami lampahing baita Pangudi sampun cêlak kalihan nagari Sidayu. Kyai Agêng tumuntên mangangge cara kere, sadaya sarwa pating srêmpal, sarta kuluh-kuluh, wujudipun sampun kados kere saèstu. Piyambakipun akèn angèndêlakên baita, sarta ngudhunakên sampan. Kyai Agêng lajêng minggah ing dharat sarana sampan. Para sudagar ingkang katilar wontên ing baita, sami ningalakên[4] anjomblong, botên mangêrtos ingkang dados kajêngipun Kyai Agêng. Sasampunipun minggah ing dharat, lampahipun Kyai Agêng anjujug panggenanipun êmbok ragil, pinanggih sawêg manglong-manglong wontên ing ngajêngan, sarêng sumêrêp dhatêng Kyai Agêng dipun kintên kere, mila piyambakipun enggal lumêbêt ing griya. Kyai Agêng lajêng andhodhog-andhodhog kori kalihan angundang-undang, têmbungipun: Sih, Sih, Karsih, aku wênganana lawang daklumêbu.
Karsih mangsuli: Sapa, ya, andhodhog-andhodhog lawang, ana kere têka wani andhodhog-andhodhog lawang. Lungaa.
--- 27 ---
Kyai Agêng: Aku dudu kere, aku Kyai Gêdhe Karyaarta, mêntas têka saka lêlungan.
Karsih: E, e, ana kere wani ngaku-aku Kyai Agêng. Mara, enggal lungaa, aja kêsuwèn ana ing kene, mundhak angrêgêdi jogan. Aku ora sudi andêlêng rupamu, wong anjalêbud, kêmproh mangkono. Ora mèmpêr aku wong ayu anom têka duwe bojo kaya ngono. Hi, hi, aku gigu.
Kyai Agêng: Iki rak omahku, kowe harak bojoku, têka nganggo muni gigu, apa kowe lali.
Êmbok Karsih mirêng têmbung makatên wau, lajêng mêdal ambêkta pêdhang ligan, sarta wicantên sora: Hèh gêntho, ora wêruh ing isin, age minggata, dêlêngên, apa kang dakcêkêl iki. Nèk ora gêlêm lunga, mêsthi tugêl gulumu.
Kyai Agêng lajêng kesah kalihan nalăngsa, sarta ngincim-incim: Ya, ngati-ati wong wadon kowe, bakal kalakon anampani paukumanaku. Lampahipun Kyai Agêng anjujug panggenanipun êmbok ênèm,
--- 28 ---
pinanggih sawêg linggih wontên ing kursi goyang, lênggut-lênggut kalihan nginang tuwin ngilo. Sarêng sumêrêp tiyang saèmpêr kere, lajêng mênyat saking kursi, maspadakakên dhatêng tiyang wau. Botên pandung yèn punika Kyai Agêng, ananging manahipun botên ajêng, lajêng api-api kagèt wicantên anyênggrang. Têmbungipun: He, man, kowe iku wong ngêndi, têka mandhêg ana ing latar bae.
Kyai Agêng: Lo, apa kowe lali marang aku, aku rak bojomu, Kyai Agêng Karyaarta.
Êmbok Langên: E, e, ana Kyai Agêng rupane têka kaya ngono. Kowe iku rak wong edan, apa sababe dene ngaku-aku Kyai Agêng. Aluwung kowe anjêjaluka, dakwènèhi dhuwit têlung sèn, karo sêga jangan sabuntêl.
Kyai Agêng: Têka siya-siya têmên kowe, apa iya lali marang aku, êmbok iya emuta kabêcikanku biyèn nalika isih sugih.
Êmbok Langên: Pis, wong edan têka andarung, [anda...]
--- 29 ---
[...rung,] ngaku bojoku, lungaa saiki, aku ora sudi caturan karo dhapurmu.
Kyai Agêng: Yagene, kowe ora sudi caturan karo aku, kowe rak bojoku, iki iya omahku.
Êmbok Langên: Ya, ya, ya, yèn kowe wani-wani lumêbu ing omah. Ngati-ati, sida dakpênthung êndhasmu.
Êmbok Langên anggènipun wicantên makatên wau kalihan lumêbêt ing griya. Lawang-lawang tuwin jandhelanipun sadaya lajêng sami dipun kancingi. Kyai Agêng ngadêg anjêjêr kamitênggêngên, ciptanining manah: Hêm bêcik têmên kowe Langên, ya, ngati-ati kowe besuk tămpa paukumanaku. Kyai Agêng lajêng kesah murugi griyanipun êmbok têngah. Êmbok Mênik kalêrês sawêg linggih wontên ing ambèn kalihan mêthiki sêdhah. Sarêng sumêrêp Kyai Agêng dhatêng pindha kere, gupuh wicantênipun: Mriki man linggih ngriki mawon, omah dika niku ing pundi, sintên jênêng dika.
Kyai Agêng: O, Mênik, apa kowe lali [la...]
--- 30 ---
[...li] marang aku, dene têka nganggo takon kang mangkono, aku iki harak bojomu, Kyai Agêng Karyaarta.
Êmbok Mênik: E, e, têka nungkak krama, panganggêpe marang aku bojone. Kowe wong apa, apa wong waras, apa wong edan. Yèn wong waras măngsa bakal andalêming ngono, marang aku nganggêp bojo. Enggal lungaa saka kene.
Kyai Agêng: Dene kowe ngoyak-oyak aku, iki rak omahku dhewe, kowe iku iya bojoku, êmbok iya elinga marang kabêcikanaku biyèn-biyèn kae.
Êmbok Mênik: Hus, wong edan, lungaa, lungaa, aku wêdi marang rupamu. Yèn kowe wani mlêbu marang omah, ngati-ati, lo, sida klakon.
Anggènipun wicantên makatên wau, kalihan mênyat lumêbêt ing griya, sarta sumbar nginêb lawang, dipun gêbragakên. Ing nalika samantên manahipun Kyai Agêng kados tinotog ing alu bengkong [beng...]
--- 31 ---
[...kong] kamitênggêngên, botên obah botên mosik, kados tugu sinukarta, dhêlêg-dhêlêg tanpa sabawa, botên èngêt wiwitan lan wêkasanipun. Sarêng èngêt sakalangkung wirang. Lajêng mênyat saking ambèn sumêdya murugi griyanipun êmbok sêpuh. Wontên ing ngriku êmbok sêpuh kalêrês mèmèni pangangge, awit sampun anyêp lami botên dipun êpe. Sarêng nolèh sumêrêp ingkang jalêr dhatêng apindha kere, tumuntên lumajêng sarwi nangis mêthukakên. Ingkang jalêr lajêng kagandhèng kabêkta lumêbêt ing griya. Kyai Agêng lênguk-lênguk saèmpêr kasusahan agêng. Ingkang èstri êmbok sêpuh gupuh nata wedang, sarta ngrukti têtêdhan, sasampunipun sami nêdha, ingkang èstri lajêng pitakèn: Bapakne, napa sababe dene nganti mangangge pating sranthil makotên, kaya kere. Napa kacilakan ontên ing paran.
Kyai Agêng: Wagiyêm, andadèkna kawruhanamu, prauku kèrêm, barang dagangan kabèh kacêmplung ing sagara, ora ana sing katututan, kancaku padha mati kèrêm, sing bisa
--- 32 ---
mêntas saka ing bêbaya mung aku dhewe. Măngka barang dagangan mau akèh kang durung dibayar. Omahku iki kabèh bakal kaduwe dening wong kang dakkulaki dagangan.
Êmbok Wagiyêm: O, Allah, alkhamdulillah, dene isih ginanjar waras. Pakne, mang nrima ing takdir, manusa niku ming sipat dêrma nglakoni, manusa mung darma anggadhuh, kabèh-kabèh niku kagungane Kang Maha Suci. Samăngsa dipundhut kang kagungan, niku êmpun bênêre, mula botên prayoga yèn angrêsulaa. Dene omah niki saisine sampeyan dol, digawe nyauri utang. Yèn kurang ênggih disêmayani anjaluk nicil. Yèn kula waras, sampeyan ajêng kula rewangi nyambut gawe, bakal kanggo nicil utang sampeyan, nadyan pintên taun mawon lunase, ênggih kula lakoni, awit riyin kula êmpun ngrasakake kapenak sarana saking sampeyan, sarèhne saniki sampeyan nêmu kasusahan, ing sabisa-bisa kula ênggih ajêng ambelani.
Kyai Agêng sarêng mirêng têmbungipun ingkang èstri,
--- 33 ---
anglêlipur manah tumrap ing kasangsaran, kados jinait, rumaos karoban ing sih. Wasana ciptanipun makatên: Sakèhing donyaku iki ora cukup yèn kanggo ambayara sih katrêsnane bojoku Si Wagiyêm, kang bangêt rumêksa marang aku, ora mawang apa-apa kajabane mung amurih kaslamêtanaku.
Kyai Agêng botên sagêd nambak wêdaling êluh, satêmah nangis angaru-ara kados lare alit, sarwi ngrangkul ingkang èstri, kaduwung dhatêng lêkasipun ingkang sampun-sampun anggène ngewani dhatêng ingkang susêtya sêdyasih, kumêdah asih dhatêng têmbung lêlamisan. Wicantênipun: Adhuh, Wagiyêm, wong ayu ngumala ing budi, aku wus ora duwe bojo manèh-manèh kajaba kowe, iya kowe bojoku ing donya ngakir. Barangku iki kabèh ora sapira akèhe tumrap ing sih katrêsnanmu marang aku. Kabèh maru-marumu bakal dakbuwang daktundhung kaya kirik gudhigên, tuwin dakcuthat cara cacing. Aku ora bakal nganggêp manèh marang si lamis, Mênik, Langên lan Karsih. Wagiyêm, kowe [ko...]
--- 34 ---
[...we] aja prihatin, aku saiki wêruh kahanane bojoku kabèh. Mung kari kowe dhewe kang têtêp dadi bojoku. Ya wis ta, karia ana ing omah, barang-barangku bakal dakudhunake saka ing prau. Mungguh ing sajatine aku iki ora kasangsaran apa-apa, waras-wiris tanpa sakara-kara.
Kyai Agêng lajêng dhatêng palabuhan, suka katêrangan dhatêng tiyang ingkang sami wontên ing baita, yèn sampun kenging wiwit andhudhah barang-barangipun. Sarêng para bêbauning baita tampi sasmitanipun Kyai Agêng, baitanipun lajêng kapinggirakên. Labuh jangkar sarta ngungêlakên mriyêm kaping pitu, mratandhani bilih Kyai Agêng dhatêng saking lêlayaran.
Kacariyos sarêng barang-barang wau sampun kadhudhah, tiyang buruh ing Sidayu sami andilir dhatêng palabuhan, ambêktani barang dêdaganganipun Kyai Agêng dhatêng griyanipun Êmbok Wagiyêm. Dene Mênik, Langên tuwin Karsih, sarêng mirêng swaraning mriyêm kaping pitu, lajêng gugup dandos sumêdya mêthuk Kyai Agêng. Ananging Kyai Agêng kapêthuk [kapê...]
--- 35 ---
[...thuk] semahipun têtiga wau botên pisan purun nanggapana, malah ningalakên kemawon botên. Para semah sami gandhang-gandhang takèn, kanthi swara ingkang pait gêndhis. Ananging Kyai Agêng sampun ingkang mangsuli, nolèh kemawon botên. Ing nalika punika para semah sami kèwêdan, anggènipun sami pados pangrekadaya sagêdipun kyai agêng lilih nêpsunipun, ananging cabar sadaya. Lampahipun kyai agêng sarêng sampun dumugi ing griyanipun èmbok Wagiyêm, lajêng kengkenan tiyang nênêm. Ingkang kalih dhatêng padununganipun êmbok Mênik, ingkang kalih dhatêng panggenanipun êmbok Langên, ingkang kalih malih dhatêng panggenanipun êmbok Karsih. Dene kengkenan wau kapurih anyukakakên sêrat pêgat, sarta ngakèn kesah saking padununganipun ngriku ing dintên punika ugi. Semah tiga wau sarêng tampi sêrat wau sakalangkung prihatos ing manahipun, sarta sami ngraos ing kalêpatanipun, ananging kadospundi malih, botên kenging botên masthi mantuk dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun, kanthi wirang.
--- 36 ---
Sasampunipun makatên, Kyai Agêng nuntên ambikaki angsal-angsal ingkang pancènipun badhe kasukakakên dhatêng semah têtiga kasêbut ing ngajêng, samangke sadaya kasukakakên dhatêng Êmbok Wagiyêm. Wicantênipun kyai sudagar: Wagiyêm, barang-barang iki dadi duwèkmu kabèh, mara tampanana. Aja sing barang kaya mangkono, kabèh saduwèk-duwèkku, iku kaduwe ing kowe, aku mung nunut marang kowe bae.
Kyai Agêng lajêng kawêdal ipat-ipatipun[5] : Wiwit ing dina iki aku mung nganggo bojo siji, iya iku Êmbok Wagiyêm, kang wis kacihna kabêcikane marang aku. Mulane besuk turunku aja ana kang nglakoni wayuh. Yèn ana kang nêrak ipat-ipatku iki, muga-muga aja kaparingan rahmating Pangeran.
Wiwit nalika samantên Kyai Agêng narimah mêngku semah satunggil. Dene kawontênanipun saya lami saya sugih, tikêl têkuk tinimbang kasugihanipun ingkang rumiyin.
Tamat
1 | ngantos. (kembali) |
2 | § cêkakanipun têmbung: măngga. (kembali) |
3 | satêkaning. (kembali) |
4 | ningali. (kembali) |
5 | § ipat-ipat = supata. (kembali) |