Dongèng Kancil, Natasêputra, 1897, #1662

JudulCitra
Terakhir diubah: 30-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kantjil - Geschiedenis

Dongèng anyariyosakên lêlampahanipun Kancil

--- 1 ---

Dongèng anyaritakake lêlakone Kancil

Ing jaman kuna ana pandhita duwe anak wadon isih kênya, aran Dèwi Sungkawa. Kacarita Dèwi Sungkawa rumasa anggarbini tanpa karana. Sarèhning cahya sarta warnane Dèwi Sungkawa mau amratandhani yèn yêkti anggarbini, panyakrane sang pandhita putrane laku cidra, banjur tinakonanan,[1] mungguh ature Dèwi Sungkawa ora rumasa laku cidra, bokmanawa wus karsaning Dewa Linuwih dene anggarbini tanpa karana. Pangandikane sang pandhita mokal bangêt manawa mangkonoa, ora ana gêni tanpa kukus, sanajan saka karsaning Dewa iya nganggo pinaringan jalaran, marmane kang putra pinurih prasaja, bokmanawa kêna sinampurnakake, ananging Dèwi Sungkawa isih kêncêng ora rumasa, sarta angaturake upata akèh-akèh. Sang pandhita [pandhi...]

--- 2 ---

[...ta] bangêt dukane, nganti ora karsa ngaku putra marang Dèwi Sungkawa, sarta banjur tinundhung. Dèwi Sungkawa nangis mêlas asih. Sêsambate aluwung nuli pinulunga Dewaning Jawata, tinimbang urip amêmirang jagad, ora lumrah lawan pêpadhaning tumitah. Dèwi Sungkawa banjur pamitan marang sang pandhita, nanging ora winangsulan.

Kacarita lungane Dèwi Sungkawa katiwang-tiwang, nusup angayam alas, rina wêngi lumaku. Manawa arêp mangan ramban gêgodhongan kang lêmês, manawa turu ana sangisoring kêkayon, bangêt mêmêlase, raroncaning[2] lakune ora kagancarake. Barêng wus andungkap sangang sasi, Dèwi Sungkawa wus karasa lêsu, lèrèn sangisoring kêkayon, nuju tanggal purnama wayah sirêp wong, Dèwi Sungkawa ambabar, nanging ora wujud jabang bayi, wujud Kancil bagus rupane. Karsaning dewa, Dèwi Sungkawa [Sungka...]

--- 3 ---

[...wa] mati konduran, kuwandane musna pinulung ing Jawata.

Cinarita Kancil cilik esuke ana satêngahing alas ingjèn,[3] sarta ora ana kang wêruh, tansah lênguk-lênguk, pamanggone ana sangisoring kêkayon, kang pinangan godhongan, pasabane sakiwa têngêning kono. Lawas-lawas saya mundhak gêdhe, watara wus sacêmpe, sabane sêlot adoh, sarta ora bali marang panggonane manèh, banjur mêtu saka ngalas, angambah pagagan, akèh tandurane. Kang duwe pagagan mau dhudha malarat, jênênge karan Kyai Juru Pagagan, anake mung siji wadon isih parawan. Juru Pagagan lan anake wadon mau kêrêp anunggoni tandurane. Barêng wêruh yèn tandurane kacang êntèk, wus angira yèn dimăngsa ing khewan, amarga yèn dicolonga ing manungsa amêsthi ana labête, mulane banjur agawe kala, pinasang maju pat.

--- 4 ---

Juru Pagagan saanake padha andhêlik ngulatake saka kadohan, barêng Kancil têka arêp mêmăngsa kêjirêt ing kala gulune. Juru Pagagan banjur amlayoni kalawan bungah-bungah, sarta angundang anake. Sawuse Kancil diuculi saka ing kala banjur dikon anyêkêli anake. Juru Pagagan gawe kurungan, Kancil tumuli dikurungi, Juru Pagagan bali marang pagagan, Kancile dikon anggawa mulih anake, sarta diwêkas angliwêt kang akèh, esuke Kancil bakal binêlèh ginawe lawuh.

Nalika Kancil ana ing kurungan, ciptane ora wurung mati, awit rumasa ora bisa ucul, dadi mung mupus ing papêsthèn.

Kacarita ana asu marani, marang panggonane Kancil, ucape, "Kadingarèn Kancil dene kowe ana ing

--- 5 ---

kene."

Kancil, "Iya, mulane aku ana ing kene, amarga arêp dipèk mantu marang Kyai Juru Pagagan, didhaupake lan anake wadon, besuk Sênèn ngarêp iki gone ningkahake."

Asu, "Ora pantês yèn kowe dipèk mantu marang Kyai Juru Gagan."

Kancil, "Yèn kowe ora ngandêl, tontonên awakku iki rak wis diborèhi."

Asu bangêt gumune nganti katon sêmune kapingin banjur calathu, "Bêkja têmên kowe iku Kancil, kaya apa bungahing atimu dene bakal rabi manungsa ayu."

Kancil, "Manawa kowe kapengin têmênan, aku dakngalah, têlungane aku, awit gonku wanuh lan Kyai

--- 6 ---

Juru Pagagan lagi saiki, balik kowe gonmu ngèngèr wus lawas bangêt, lah mara lumêbua ing kurungan, aku dakmêtu."

Asu bangêt dhangane banjur malêbu ing kurungan, Kancil dipurih mêtu. Sawuse Kancil mêtu mêkas marang asu, "Rabi manungsa iku abot sanggane, awit dudu[4] sapadhamu, mulane wêkasku dibangêt gonmu ngati-ati, aja katungkul bungah-bungah pangantenan."

Asu, "Iya bangêt panarimaku marang kowe, sarta apa sawêkasmu iku bakal dakeling-eling lan dakèstokake."

Sawuse mangkono Kancil banjur lunga rikatan.

Kocapa Kyai Juru Pagagan têka lan anake wadon kang wus anggawa gobang, banjur angungkabi kurungan sumêdya nyêmbêlèh Kancil. Barêng wêruh yèn Kancile ora ana, nanging liru

--- 7 ---

asu, bangêt kagète, panarkane Kancile wus dipangan asu. Juru Pagagan muring-muring bangêt, banjur anjukuk alu ginawe mênthungi asu, sarta ngumpah-umpah asune ora kêna ginawe bêcik, wus lawas diingu malah malês ala, dene wani-wani mangan Kancil kang arêp disambêlèh. Asu lumayu nginthar, sumêdya anggolèki Kancil, diincim-incim bakal diwalês, awit rumasa diapusi, nanging ora katêmu.

Lakune Kancil wus saya adoh, nasak-nasak ora karuwan sêdyane, banjur katêmu keyong gondhang, Kancil ditakoni sêdyane, wangsulane, "Têkaku ing kene iki arêp takon marang kowe, sabab apa omahmu tansah kogawa ngalor ngidul, paedahe apa, yèn watir kang kowatiri apa."

Keyong, "Prakara iku wus dadi sênênging atiku dhewe,

--- 8 ---

saupama kowe duwea omah kaya aku bokmanawa iya kogawa saparanmu."

Kancil, "Yèn aku duwe omah kaya kowe ora niyat dakgawa wira-wiri mangkono, amarga dakpasthèkake ngribêdi laku."

Keyong, "Pangiramu iku kaliru, yèn kowe ora ngandêl, ayo buron, rikat-rikatan lumayu."

Kancil, "Babo salikur dina, nanging aja tanggung sapa kang kalah mêsthi dimăngsa, minăngka tohe. Keyong lan Kancil wus padha wasise, nanging keyong janji, Kancil yèn lumayu aja nganti langkah saka sawah sakêdhok, yèn langkah dikalahake. Kancil saguh, sarta banjur arêp wiwit lumayu, dipurih amburu, nanging keyong gondhang sêmaya seje dina, Kancil iya saguh. Sawuse Si Kancil lunga keyong banjur nglumpukake [nglumpuka...]

--- 9 ---

[...ke] kancane akèh, Kancil ora wêruh. Sawuse keyong pêpak kancane ditata prênca, urut pinggir, urut pinggir galênganing sawah. Sabaline Si Kancil têkan ing sawah mau banjur dipurih lumayu bakal diburu. Kancil banjur wiwit lumayu arikat, nanging ana ing ngêndi-êndi tansah digêtak ing keyong. Yèn lumayu mangetan banjur digêtak keyong kang ana wetan, ngalor ngidul mangulon iya mangkono, Kancil rumasa kalah ora wêruh yèn dibut keyong akèh, dikira mung sija.[5] Kancil banjur malumpat sajabaning galêngan sarta lumayu adoh, kapinujon ing kono ana keyong muni ana ing kêdhokan, Kancil kagèt lumayu adoh nganti mêspis-mêmpis,[6] sarta nganti ora mangan ora turu ing sawatara dina, saha sayah sarta aripe nganti ngantuk turut dalan. Pinuju ngambah pêperenganing gunung o-

--- 10 ---

ra wêruh yèn ana luwangan kasasaban thukulan sukêt, măngka jêro lan ana banyune. Kancil kacêmplung ing kono, arêp mêntas ora bisa, wus nyipta mati, atine ngênês bangêt. Kapinujon ana banthèng ngungak wangan kono, barêng wêruh marang Kancil bangêt kagète, banjur takon, "Sababe apa Kancil, dene kowe ana ing luwangan."

Kancil, "Ingatase kang ora wêruh ing rêmbug kaya kowe iku ingarani anèh, nanging muguhing[7] aku prêlu bangêt, amarga wruhanamu saiki bakal kiyamat, iya iku langit nangkêb karo bumi."

Banthèng, "Iya bênêr calathumu, sadurunge kowêdharake prêlune aku ora pisan wêruh kang dadi sababe, amarga aku durung ngrungu yèn bakal kiyamat, awit saka iku kandhamu samono mau dakanggêp kabêkjan tumraping aku,

--- 11 ---

mulane aja tanggung yèn lêga atimu aku lilanana milu andhêlik ing kono."

Kancil dhangan bae, banthèng ora wêruh yèn diapusi, banjur milu malêbu ing luwangan, Kancil rikat mancolot marang gêgêre banthèng, calathune, "Rèhning banthèng gêdhe wajib ana ngisor, amarga yèn langit sida rubuh dadi salamêt."

Banthèng nurut bae, barêng Kancil wus ana gêgêre banthèng banjur mancolot mêntas saka luwangan, banthèng takon, apa sababe dene Kancil nganggo mêntas saka luwangan, wangsulane Kancil, "Arêp nêrang marang Kangjêng Nabi Suleman, kiyamate kurang pirang dina, supaya bisa ngati-ati." Banthèng uga ngandêl lan nurut bae, Kancil banjur lumayu rikat.

Cinarita banthèng kang ana sajroning luwangan, barêng wus antara ora ana kawasane, anggraita kêna ing apus,

--- 12 ---

banjur mêntas saka ing luwangan, mulat ngiwa nêngên Kancil ora ana katon, saya kêncêng panggraitane gênah diapusi dening Kancil, mulane bangêt pangincim-incime marang Kancil, manawa katêmu mêsthi bakal diwalês. Banthèng banjur anggolèki marang Kancil, nasak alas, angosak-asik garumbul, ing ngêndi panggonan kang kiwa-kiwa disalasah kabèh, saka bangêting pamuringe marang Kancil, nanging ora bisa katêmu.

Lakune Kancil wus adoh, ora karuwan sêdyane, munggah mudhun ing gunung, yèn bêngi lèrèn, yèn awan lumaku. Nalika samana pinuju ana bajul kaplanggrang ana dhapuran ori, sapinggiring bangawan, jalaran anyarab wrêgul, nanging kurang pangati-atine têmahan kablusuk ing dhapuran ori ora bisa mêtu, tansah krugêtan karo nangis, calathune, saupama ana kang nulungi yèn tuwa diaku bapa, yèn ênom diaku [di...]

--- 13 ---

[...aku] sadulur lair batin, sarta ing têmbe bakal winalês bêcik. Bajul gone kacêpit nganti pitung dina, banjur ana kalasa amoh kèli sacêdhaking panggonane bajul. Calathune bajul marang kalasa amoh, "Kowe apa bisa têtulung marang aku, yèn bisa bakal dakaku sadulur sinarawèdi."

Wangsulane kalasa amoh, "Hèh bajul kowe wêruha, nalika aku isih anyar dipilala bangêt, aku esuk sore dikêludi banjur disêbari kêmbang, suprandene barêng wus luwas sarta amoh banjur dikèlèkake bae, ora timbang pisan-pisan karo nalika aku isih anyar." Kalasa amoh gone kèli wus adoh, bajul kèri dhewe tansah nangis.

Kancil barêng lakune tutug ing bangawan sumadya ngombe sarta nyabrang, nanging ora kaconggah, tansah kalithihan.

--- 14 ---

Ana ing kono Kancil wêruh bajul kacêpit dhapuran ori sapinggiring bangawan, wus lawas ora antuk pangan, manawa banyune asat bajul kêpanasên, yèn agung kêlêm ing banyu tansah nangis mêmêlas bangêt. Kancil ing batin amada marang bodhone si bajul, dene ora duwe akal kang bisa uwal saka ing kono, banjur calathune mêngkono, "Hèh bajul, saupama ana kang têtulung marang kowe nganti bisa uwal saka ing ngorèn, bakal kowalês apa."

Bajul, "Kowe iku sapa jênêngmu, gêdhemu mung samrica têka saguh nulungi marang aku, awakku gêdhe adawa, kapriye gonmu bakal nulungi."

Kancil, "Yèn kowe durung wêruh aku, utusane Kangjêng Nabi Suleman, jênêngku Raja Kancil, diutus [di...]

--- 15 ---

[...utus] anganglang jagad."

Bajul, "O, iya Raja Kancil, manawa sariramu bisa têtulung marang aku, dakaku sadulur ing dunya ngakherat."

Kancil, "Apa têmên calathumu iku."

Bajul, "Manawa aku goroh aja salamêt sarta cupêta umurku."

Kancil, "Yèn nyata têmên prasêtyamu iya daktulungi, mêngko yèn banyune wus agung kowe mundura lan aja ambêkan."

Ora antara suwe banyune agung angêlêbi badane bajul. Bajul banjur mundur sarta ngampêt ambêkan anêtêpi wulange Kancil, wasana bisa uwal saka dhapuran ori, ananging ora rumasa yèn luware ing bilai mau saka pitulunge Kancil, dumèh badane Kancil [Ka...]

--- 16 ---

[...ncil] ora milu lawan, dadi bajul ora rumasa kapotangan bêcik, mulane barêng ditakoni wêwalêse bajul amangsuli ora niyat malês, mung kaul ujung kaping têlu. Kancil mangsuli angundhat-undhat nalika bajul sangsara sarta gone wus têtulung rêmbug. Bajul ora wuwuh kasaguhane, mung sumêja ujung kaping têlu, sarta banjur anyakêti Kancil arêp cinêkêl, nanging banjur dioncati. Bajul têtakon sababe Kancil oncat, wangsulane Kancil sarèhning arêp diujungi bêcik mangkruk-mangkruk ana ing kêkayon, nanging bajul dipênging ujung mung dipurih nyêmbah bae saka kadohan, yèn cêdhak-cêdhak manawa kasiku ing Kangjêng Nabi Suleman, bajul iya saguh nyêmbah, nanging Kancil dipurih mudhun. Kancil tumuli mudhun, calathune, "Aku wêruh yèn arêp kopangan, sarta aku iya gêlêm [gê...]

--- 17 ---

[...lêm], ananging jangjiku kowe malanga têngahing bangawan, dakukure dawamu, amarga rumasaku kaya gêdhe dawa awakku, sumêlangku manawa sêsak, bakal dadi cilakamu." Bajul miturut banjur malang têngah bangawan kêmput, malah buntute nganti ana ing gisik, Kancil rikat mancolot marang gigire bajul, sarta banjur nguwot sêmadi ngitung ukurane, barêng ngarêpake têkan ing buntut banjur malumpat ing dharatan, sarta sêsumbar, "Hèh bajul rêbutên aku, aku Kancil linuwih, lah yèn kowe sumêdya măngsa aku amburua, dakêntèni." Bajul bangêt gêtun ngungune, rumasa diapusi.

Kancil lakune wus adoh, gênti kacarita macan gembong ambêburu kêthèk, sumêdya dimăngsa, nanging kêthèk lumayu saparan-paran golèk pangungsèn, mula nganti lawas ora bisa kacandhak [kaca...]

--- 18 ---

[...ndhak], barêng kêthèk kapêthuk Kancil ditakoni, "Kowe iku genea kêthèk, dene lumayu niba tangi."

Kêthèk, "Gonku lumayu iki sumêdya andhêlik, jalaran diburu si macan gembong arêp dimăngsa, balik kowe pandêlêngku kaya iya mêntas lumayu, iku sababe apa."

Kancil, "Ora apa-apa mung saka bungah lan karêpku dhewe, apa aku kokira wêdi marang macan gembong, kaya dudu anake si bapa lan si biyung, kathik nganggo wêdi, lah bok wuwuhana macan gembong sapuluh êngkas măngsa aku gimira." Kêthèk bangêt erame ngrungu calathune Kancil, sarta banjur ngasih-asih jaluk tulung, Kancil saguh anulungi sarta kêthèk dipênging kuwatir, nanging Kancil anjaluk godhong jati kang isih ênom. Kêthèk rikat mènèk uwit jati mêthiki godhonge kang ênom, banjur digawa mudhun diulungake [diulung...]

--- 19 ---

[...ake] marang Kancil, calathune kêthèk apasrah jiwa raga marang Kancil. Kêthèk banjur dipurih andhêlik, manawa macan gembong têka dipênging milu caturan, Kancil saguh nêmoni ijèn. Sawuse mêngkono Kancil tumuli mangkruk-mangkruk pinggir sêndhang karo mamah godhong jati ênom dadi cangkême katon kaya gubras gêtih. Ora suwe macan gembong têka takon marang Kancil sarta briga-brigi, calathune, "Hèh Kancil, ing kene apa ana bêburonku si kêthèk."

Kancil, "Sababe apa ta kogolèki, apa utang apa ngapusi."

Macan gembong, "Prakarane mung arêp dakmăngsa."

Kancil, "Lah aku măngsa awèha, wong ora ana prakarane, ora ana dosane, lan manèh si kêthèk iku [i...]

--- 20 ---

[...ku] rak baturku, nanging minggat, wus lawas dakgolèki lagi katêmu saiki, măngka arêp kopangan, lah aku măngsa parênga, yèn kowe mêksa sabudimu daksêmbadani."

Macan gembong, "Hèh Kancil têka kumaki têmên, gêdhemu mung satêngu arêp mungsuh kang kaya aku, gêdhe dhuwur, siyung akuku, lah bok ana sapuluh kowe măngsa anggawêra bamku kiwa."

Kancil, "Sanajan aku cilik, nanging ora pisan wêgah marang kang gêdhe dhuwur kaya kowe. Yèn kowe durung wêruh aku iki sabên dina mangan macan, tadhahku siji-siji. Yèn kowe ora ngandêl, aku mau mêntas mangan, lah iki cangkêmku isih gubras gêtih, nanging isih kurang mulane aku pancèn sumêdya golèk macan manèh, dadi têkamu kabênêran, prasasat kopunjung."

--- 21 ---

Macan gembong, "Apa têmên kowe sabên dina mangan macan siji-siji."

Kancil, "Lah dêlêngên dhewe ing sêndhang iki rak ana êndhas macan gonku ambuwang, jalaran êndhase aku ora doyan."

Macan gembong bangêt maras ing atine banjur anginguk sêndhang wêruh êndhas macan, iya iku wayanganing êndhase dhewe, nanging dinyana êndhas macan têmênan kaya kandhane Kancil, macan gembong banjur anggiwar lumayu sipat kuping. Kancil nguwuh-uwuh akon bali, yèn ora gêlêm bali amêsthi bakal pinalêcit kang nganti kacandhak, aluwung yèn gêlêm bali bakal diapura. Macan gembong saka mirising atine nganti malupuh banjur bali, sumêdya anjaluk pangapura. Satêkane ngarêpe Kancil katon bangêt wêdine, sarta andhêrodhog, Kancil takon sarta anodhi kang dadi karêpe macan gembong, sumêdya rukun apa ora, saure macan gembong

--- 22 ---

bangêt gone arêp rukun, malah sumêdya têluk sarta prasêtya têmên-têmên marang Kancil. Wangsulane Kancil, anggêre macan gembong ora goroh iya tinarima, nanging sabên taun angladèkna macan siji-siji, minăngka panganane Kancil, sarta diparentahi rukun karo kêthèk. Macan gembong miturut bae, kêthèk banjur diundang marang ngarêpe Kancil, diwawuhake sarta dipurih mêmitran lan macan gembong. Buntute macan gembong banjur digandhèng karo buntute kêthèk, minăngka tăndha yèn wus têmên rukun, sawuse digandhèng kukuh nuli padha pamitan.

Kacarita lakune macan gembong karo kêthèk saparan-parane tansah gandhengan, dadi manawa arêp padha mêmangan tansah sulaya ing pikir, amarga kêthèk dhêmênane ana panggonan cêdhak desa, macan kudu marang têngah alas [a...]

--- 23 ---

[...las], arêp nguculi buntute wêdi marang wêkase Kancil. Macan gembong banjur andhêdhês marang kêthèk, dipurih pasaja, apa têmên sabên dina Kancil mangan macan siji-siji, manawa kêthèk ora balaka bakal dipatèni, dene yèn balaka bakal diuculi gone gandhengan buntute. Kêthèk pakewuh pikire, wasana katêmuning pikire kudu balaka, kêthèk banjur kăndha sawantahe bab gêlare Kancil. Macan gembong bangêt muringe-muring[8] ngrungu kandhane kêthèk kang sawantahe mau, sarèhning nalika iku Kancil ora ana ing kono, dadi joging pamuring-muringe macan gembong marang si kêthèk, dene miturut sapakone Kancil, kêthèk banjur disaut, nanging indha, disaut manèh rambah-rambah tansah indha bae, suwe-suwe gone gandhengan buntute uwal, kêthèk rikat [ri...]

--- 24 ---

[...kat] mènèk wit-witan, macan gembong ora bisa nututi, bangêt gêtune, mung nguwuh-uwuh saka ngisor ing têmbe kêthèk saturun-turune dadia mangsaning macan, saure kêthèk, manawa ana kang kêna iya bêkjane macan, sawuse mangkono macan gembong tumuli bali marang panggonane Kancil, nanging Kancil wus ora ana, mulane banjur diupaya marang ing ngêndi-êndi, amarga macan gembong isih bangêt muring-muring sarta pangincim-incime marang Kancil.

Kacarita lakune Kancil wus lawas kalunta-lunta, anuju lumêbu ing garumbul wêruh cèlèng wadon lagi bêlihan karo gênjike akèh ana ing sudhunge, dene lanangane wus mati dipangan macan. Kancil anjujug sangarêping sudhung banjur takon marang cèlèng, mungguh ucape.

Kancil, "Hèh cèlèng, apa kowe ora duwe

--- 25 ---

laki, dene gonmu bêlihan ana sudhung ora ana kang nunggoni têka mamêlas têmên."

Cèlèng, "Iya Kancil, lakiku wus mati dipangan macan gembong, mulane ênggonku manak ora ana kang nunggoni, mungguh kowe ana prêlumu apadene têka sudhungku."

Kancil, "Kawruhamu aku diutus Gusti Kangjêng Nabi Suleman, mariksani sajroning alas, lan diutus têtulung marang sarupaning sato kewan ing alas kang padha kasusahan."

Cèlèng, "Lah iya sukur sèwu, yèn mêngkono gonku kawêlas asih iku bakal olèh pitulungan."

Kancil, "Iya mêngkono, mungguh gênjikmu kabèh

--- 26 ---

pira."

Cèlèng, "Mung sawêlas."

Kancil, "Dene kok akèh têmên, iya bangêt sukurku yèn kowe lila aku mung milu ngaku anak bae, amarga aku ora duwe anak dhewe, kowe aja sumêlang dakrewangi tunggu."

Cèlèng bangêt bungah sarta adhêm ing atine, banjur pamitan golèk pangan, Kancil dikon kari nunggu gênjike, diwêkas aja nganti lunga-lunga yèn cèlèng durung mulih, Kancil saguh kalawan adhangan, cèlèng tumuli lunga ngupaya pangan. Saungkure cèlèng, gênjike dipatèni siji dening Kancil, banjur disèlèhake ngisor dhewe, barêng cèlèng têka anake mung kari sapuluh, takon marang Kancil sababe apa anake mati siji, saure Kancil ora wêruh lan ora

--- 27 ---

nyana yèn ana kang mati, amarga Kancil ana ing jaba bae. Cèlèng wus narima, rumasane wus bêkjane, ora dadi ngapa. Cèlèng banjur pamitan ngupaya pangan manèh, mung mêkas bae. Yèn anake padha nangis, Kancil dipurih nasabi godhong katuwèr, saungkure cèlèng gênjike dipatèni manèh loro, kari wolu banjur padha disasabi godhong katuwèr. Barêng cèlèng têka, Kancil api-api ngantuk, tinakonan apa sababe ngantuk ora gêlêm turu, saure iya saka têmên-têmêne gone nunggu anake, barêng cèlèng lumêbu sudhung kagèt dene anake kari wolu, kang loro mati. Kancil ditakoni saure ora wêruh, sasuwene iya isih ganêp sapuluh. Kancil rewa-rewa milu gêtun bangêt. Cèlèng wus narima sarta prajangji ing têmbe yèn salamêt bisa gêdhe bakal papat edhang bae. Cèlèng [Cè...]

--- 28 ---

[...lèng] tumuli lunga golèk pangan manèh, saungkure cèlèng gênjike iya dipatèni manèh papat, sakarine banjur disasabi godhong, ora suwe cèlèng têka, Kancil api-api turu sarta kagèt têkane cèlèng, ditakoni sababe turu, saure rèhning anake ora ana kang nangis, dadi atine Kancil ayêm. Barêng cèlèng wêruh anake mati manèh papat, batine muring-muring, nanging saka pintêre wangsulane Kancil, nganti ora katara yèn nganiaya, sarta nganti andadèkake panarimane cèlèng. Kacarita cèlèng lunga ngupaya pangan kaya ing sabêne, gênjike kang kari papat banjur dipatèni kabèh, sudhunge diobrak-abrik, kaya dirusak ing macan, Kancil enggal lunga, sawuse antara suwe cèlèng têka, ananging bingung dene sudhunge ora ana, wasana sumurup yèn wus bubrah tilas diobrak-abrik, anake papat isih nanging wus padha mati [ma...]

--- 29 ---

[...ti]. Mulane cèlèng anggraita yèn saka panganiayane Kancil, amarga saupama diobrak-abrik ing macan, mêsthi anake padha dipangan. Cèlèng bangêt muring-muring sarta pangincim-incime marang Kancil, banjur digolèki, sumêdya diwalês, nanging nganti têlung dina durung katêmu.

Kancil saka sayah sarta aripe ngantuk ana sangisoring uwit bêndha sacêdhake wangan kang jêro, ora wêruh têkane cèlèng, barêng arêp ditubruk saka ing buri, Kancil kagèt banjur milar, calathune.

Kancil, "Ya gene cèlèng kathik nganggo nubruk, apa kowe mêndêm gadhung, kok lali mênyang aku."

Cèlèng, "Nututa bae Kancil dakpatèni, kowe apa ora rumasa cidra marang aku, sarta anganiaya marang anakku."

--- 30 ---

Kancil, "Lah arêp kopatèni dosaku apa, kogampang-gampang, lah bok iya takon sing gênah dhisik."

Cèlèng, "Kathik nganggo takon dosa, sing matèni anakku apa dudu kowe."

Kancil, "O, kaliru surup têmênan si cèlèng, wruhanamu sing matèni anakmu sarta ngobrak-abrik sudhungmu iku si macan gembong, sarèhning aku rumasa kurang daya, dadi mung buru uripku dhewe, banjur lumayu mrene iki, ngiras ngêntèni kowe."

Cèlèng, "Yèn nyata si macan gembong kang matèni iya gene anakku ora dipangan sisan."

Kancil, "Lah iku êmbuh sababe, nanging pangiraku dhewe jalaran kasusu gone amburu aku, bokmanawa pangarahe si macan aku arêp dipangan dhisik, anakmu dipikir gampang,

--- 31 ---

wong ora bisa lumayu. Ewadene yèn kowe ora ngandêl kandhaku kang sawantahe, iya sakarêpmu, masa bodhoa kang paring urip."

Cèlèng, "Iya saingêr-ingêre kowe dakanggo liru anakku, aku ora wêruh sapa-sapa."

Kancil, "Kajaba ta yèn mung kobandhani nekat mêngkono, iya apa sakarêpmu, nanging aja tanggung kojurku, sadulurku kang ana wangan ing kono, patenana pisan, awit yèn daktinggal mati dhisik, bakal mêmêlas bangêt, iku lo ana sajroning wangan, patenana dhisik, aku mono gampang masa mlayua." Cèlèng tumuli nginguk wangan, anyatakake kandhane Kancil, nanging banjur dijongkongake, kajungkêl banjur mati. Kancil banjur ngumbara, tutug têngah alas lèrèn ana sangisor wit cangkring, ora suwe macan gembong têka,

--- 32 ---

calathune marang Si Kancil, "Kowe iku cidra bangêt, ora kêna ora saiki mêsthi dakpatèni."

Kancil, "Hèh macan, matamu apa ora wêruh yèn aku lagi piniji dening Gusti Kangjêng Nabi Suleman, angrêksa kagungane gong kang kodêlêng gumandhul ana ing êpang iku."

Macan, "Apa gong iku bisa muni sêru, aku kapengin karungu unine, bok ya lilanana daktabuhe sapisan bae."

Kancil, "O, aku wêdi bangêt, aku dhewe iya kapengin nabuh nanging dakampêt saka wêdiku. Ewadene sarèhning kowe adrêng lan saka brêsnaku[9] marang kowe, iya bêkjan ênggonku nglilani nabuh gong iku, anggêre aku ora wêruh, dadi yèn aku didukani gampang gonku sumaur, lan manèh aja tanggung gonmu nabuh kayangên supaya aku bisa karungu saka kadohan."

Kancil tumuli pamit lunga wêkase aja nganti gong tinabuh yèn gone [go...]

--- 33 ---

[...ne] lunga durung adoh. Barêng Kancil wus ora katon, macan gembong kasusu anabuh gong, kang satêmêne tala tawon. Ing sanalika tawon ngrumpyung lan ngantupi awak lan êndhase macan, anggagilani ngarungu panggêrone macan gumuling ing lêmah saka larane diantup ing tawon akèh. Macan anggraita yèn kêna ing apus, barêng wus bisa uwal saka ing tiwas, macan banjur nututi, Si Kancil sumêdya dipatèni.

Gênti cinarita banthèng gone ngupaya Kancil wus lawas durung katêmu. Saka bangêting panganta-antane nganti ngosak-asik garumbul, ngubêngi alas, lumêbu ing guwa. Anuju sawiji dina bisa katêmu marang Kancil, mangkruk-mangkruk ing ngisor wit-witan sinambi ngantuk, lan ora adoh saka panggonane kono ana ula sawa ngalêkêr, barêng banthèng têka Kancil kagèt anjola, nanging banjur andhingini takon, calathune, "Lo kowe banthèng, apa padha slamêtan bae."

Banthèng, "Hèh Kancil juru ngapusi, ora wurung kowe daksêmpal-sêmpal [daksê...]

--- 34 ---

[...mpal-sêmpal]."

Kancil, "Apa têgêse calathumu iku, wong dibagèkake kobanjur grusa-grusu, lah bok takon warta dhisik, gonku lawas ora katêmu kowe iku rak lagi nglakoni ayahane Gusti Kangjêng Nabi Suleman, aku dikarsakake nunggu paningsête, lah iku dêlêngên lan jênênge nagasarpa, lan dikakake angrêksa kagungane gamêlan. Lah rungokna kang ana ing dhuwurku iki." Banthèng barêng ngrungu kandhane Kancil sarta ngrungu swaraning pring gumêrot dening kanginan, sirna muring-muringe marang Kancil, sarta nêmbung nyilih sabuk nagasarpa, awit bangêt kapengine nganggo sadhela. Kancil api-api wêdi ngulungake, jalaran kagungane Kangjêng Nabi sarta akèh rêgane. Ewadene sarèhning banthèng bangêt pangrintihe, Kancil kaduga ngulungake, anggêre mung sadhela, nanging panganggone manawa Kancil wus lunga adoh, supaya aja anêmu dukane Nabi Suleman.

--- 35 ---

Sawuse mangkono Kancil tumuli lunga, barêng wus adoh, banthèng banjur ambrengkal sabuk sarpa, kapanujon ula sawa anglilir, banjur nyaut marang banthèng, pinulêt awake ora bisa polah, bangêt prihatine rumasa tansah diapusi dening Kancil.

Gênti cinarita manèh, macan gembong gone ngupaya Kancil kalunta-lunta lakune, nuju sawiji dina kapêthukan wêdhus prucul, sumêdya dimăngsa, jalaran wong tuwa-tuwane wêdhus prucul, padha kapotangan marang wong tuwa-tuwane macan, nanging wêdhus prucul ora gêlêm, amarga kang pinasthi dadi panganing macan iku wêdhus kang mawa sungu. Macan gembong sumêdya mêksa, nanging wêdhus isih bangêt sudhike,[10] dadi ya dipangan anggêre wus duwe sungu, macan gembong dikon anggolèki sungune, saure macan mungguh sungune si wêdhus dititipake marang mênjangan lanang, wêdhus yèn durung bali sungune ora kaduga dipangan, yèn dipêksa ngajak golèk babênêran. Macan gembong [ge...]

--- 36 ---

[...mbong] lan wêdhus prucul banjur padha ngupaya babênêran, ora suwe tutug ngarêpe Kancil kang lagi ngantuk ana sangisoring wit waringin, nanging macan lan wêdhus padha wêdi anggugah, tansah diya-diniya. Kancil barêng nglilir api-api kagèt, sarta api-api nêpsu dene dibribini. Macan lan wêdhus isih diya-diniya irèn gone mangsuli, Kancil malah anggêtak-gêtak. Macan lan wêdhus saka gugupe sumaur barêng, nanging iya malah disêntak-sêntak dene sumaur barêng ora gênah dirungu. Tinêmuning rêmbug, wêdhus kang sumaur dhisik, têmbunge, "Mulane aku têka ing ngarêpamu arêp takon, sapa jênêngmu lan apa lungguhmu."

Kancil, "Yèn kowe takon marang aku, iya aku iki raja Kancil, utusane Kangjêng Nabi Suleman."

Wêdhus, "Aku iki sumêdya anjaluk adil."

Kancil, "Iku prakara apa dene macan padu karo wêdhus, lah iya tutugna, mêngko dakbênêri."

--- 37 ---

Wêdhus, "Aku iki anggolèki sungu, gonku ana ngalas wus satêngah sasi, sungu durung katêmu, wasana aku arêp dipangan si macan iki, măngka kang gawa sunguku iya dhèwèke."

Macan, "Iya têmên, nanging saiki sungune si wêdhus dititipake marang mênjangan lanang, dene gone si wêdhus arêp dakpangan iku jalaran saba têngah alas, pancèn dudu ênggone, mêsthi dadi panganaku, lan manèh wong tuwa-tuwane padha kapotangan marang wong tuwa-tuwaku."

Wêdhus, "Iya bênêr, aku ora selak, anggêre sunguku dibalèkake."

Kancil, "Yèn mêngkono padha bênêre padha lupute, lah saiki pangadilaku, kowe padha buronna, yèn si wêdhus sing kalah iya dipangana si macan, dene yèn si macan sing kalah ambalèkna sungune si wêdhus, aku kang nêksèni."

--- 38 ---

Macan ing batin bungah ngrungu pangadilane Si Kancil mangkono, dene wêdhus bangêt prihatine, amarga rumasa mêsthi kalah, mulane anjaluk sarèh sawatara, Kancil banjur ngatag marang macan, dipurih malayu mangetan, supaya diburu si wêdhus, barêng macan wus lumayu mangetan, si wêdhus dikon lumayu ngulon, dadi ora têmu-tinêmu, Kancil tumuli lunga, kocapa macan palayune wus adoh, barêng nolèh si wêdhus ora nututi, rikat bali, sarta graita kêna ing apus, bangêt pangincim-incime marang Kancil, sarta marang wêdhus.

Gênti kacarita, manuk darès rêmbug besanan karo manuk bêluk, manuk bêluk urun lanang, nanging isih pradondi bab tukon. Manuk darès anjaluk tukon desa suwung, iya disaguhi nanging disêmayani besuk jaman akir manuk darès ora narima, banjur padha ngupaya babênêran, tutug panggonane Kancil kang

--- 39 ---

lagi ana sangisoring cangkring, nuju milang godhonge. Satêkane manuk loro mau Kancil api-api kagèt sarta anyêntak, amarga pangitunge godhong cangkring kisruh, kandhane bakal andadèkake dukane Kangjêng Nabi Suleman, manuk bêluk anjaluk pangapura, sarta banjur amratelakake prêlune anjaluk adil bab sulayaning rêmbug gone bakal babesanan karo manuk darès mau. Wangsulan utawa pangadilane Kancil, gone bakal besanan dipurih murungake, amarga bakal gawe sangaring nagara, sarta anake bakal ora karuwan rupane, andadèkake dukane Kangjêng Nabi Suleman, manuk loro banjur padha tinundhung mulih, Kancil tumuli lunga angambah alas jurang pèrèng.

Kacarita kêbo danu sumadya golèk mangsan sato kewan, amarga mangan gêgodhongan ora marêm, antara [anta...]

--- 40 ---

[...ra] pitung dina wêruh marang Si Kancil, tumuli diparani. Kancil rikat lumayu, barêng wus sayah nuli lèrèn ana ngisor waringin, api-api ngitung wohe. Satêkane kêbo danu Kancil api-api kagèt banjur anyrêngêni, dene ngisruhi pangitunge woh waringin, ora wurung dadi dukane Kangjêng Nabi Suleman, calathune kêbo danu sumadya mangan Kancil Wangsulane Kancil, "Kowe iku kêbo danu baya ora ngrungu warta, wruhanamu aku iki diutus Kangjêng Nabi Suleman, angundhangi marang buron alas kabèh. Karsane Kangjêng Nabi bakal têdhak marang alas, sakèhing buron alas padha dikakake ngitung sarupaning wowohan ing alas kabèh, sapa kang kari bakal diukum pati. Aku iki mau lagi milang durung rampung banjur koregoni, kowe mêsthi katêmpuh." Kêbo danu bangêt wêdine, sarta saguh katêmpuh ngitungake,

--- 41 ---

Kancil dikon ngitung wowohan liyane bae, Kancil banjur lunga, reka-reka kambi muring-muring. Saungkure Kancil, kêbo danu miwiti pangitunge woh waringin, nanging sabên lagi olèh sawatara iji tumuli ana angin, dadi tansah kisruh bae, nganti pitung dina pamilange ora olèh gawe, bangêt prihatine, banjur lênguk-lênguk ngisor waringin, kasaru têkane macan gembong, kêbo danu ditakoni prêlune pasaja bae apa lêlakone. Macan banjur angandhakake gone uga diapusi Si Kancil, katêmuning rêmbug banjur padha ngupaya marang Si Kancil, nganti sawatara dina ora katêmu.

Kacarita lakune Kancil wus kalunta-lunta, nuli kaprêgok ula lanang malang ana ing dalan, gêdhene sapucang, kêrêp mêmăngsa buron alas. Kancil lumayu sacêdhaking ula lanang rewa-rewa ora wêruh, banjur sinaut dening ula. Kancil milar,

--- 42 ---

calathune, "Lo, ula mono ora dhêngêr warta, wruhanamu aku diutus Kangjêng Nabi Suleman, dikakake ngundhangi marang sarupaning buron alas, padha didhawuhi ngati-ati, awit bakal kiyamat."

Ula, "Apa têmên Kancil kandhamu iku, yèn têmên aku tulungana rêmbug, kapriye prayogane kang daklakoni."

Kancil, "Yèn kowe nurut pratikêlku, mulêda wit waringin iki, mêngko daktalèni supaya kukuh, nadyan ana kiyamat ora bisa katut." Ula rikat mulêt uwit waringin, banjur ditalèni dening Kancil, Kancil tumuli lunga karo sêsumbar.

Ing alas kono ana buta gêdhe bangêt, gawene mêmăngsa buron alas, nuju amburu mênjangan, sawuse kacandhak banjur digawa marang sangisoring wit waringin, Kancil sumurup bangêt wêlas [wê...]

--- 43 ---

[...las] marang mênjangan, sumêdya têtulung. Buta banjur ginêtak saka ing buri, nganti kagèt mênjangane uwal, barêng buta nolèh wêruh Si Kancil banjur angrangsang, Kancil milar, calathune, "Hèh buta, wruhanamu aku utusane Kangjêng Nabi Suleman, jênêngku raja Kancil, dikakake nganglang jagad, amarga mêngko bêngi ana banjir gêdhe, jagad kinêlêm kabèh."

Buta, "Lah yèn têmên, mungguh kang kaya aku iki kapriye, muga ana pitulungmu pratikêl."

Kancil, "Pratikêlku gulumu talènana pênjalin, nuli gantungên pang waringin." Buta ora wêruh yèn diapusi, dadi nurut bae, gulune ditalèni pênjalin sigaran, banjur gumandhul panging waringin, dadi kaya ginantung ora bisa oncat, tansah kronjalan, suwe-suwe mati saka polahe dhewe. Kancil sêsumbar akèh-akèh sarta bangêt bungahe [bungah...]

--- 44 ---

[...e].

Kacarita kêbo danu lan macan kang padha anggolèki marang Si Kancil, wus lawas durung katêmu, nalika iku wêruh ula mulêd uwit waringin, sarta ditalèni, tumuli diparani sarta ditakoni sababe, ula nyaritakake sawantahe yèn saka pratikêle Kancil. Kêbo danu banjur kăndha yèn kang mangkono iku diapusi dening Si Kancil, kayadene kêbo danu lan si macan kang wus padha anglakoni diapusi. Sawuse kandhan-kinandhan mangkono banjur padha ajak-ajak anggolèki Si Kancil, watara satêngah sasi katêmu pinuju ana ngisor waringin, Kancil andhingini takon sarta ambagèkake marang buron tatêlu mau. Kêbo danu amangsuli, yèn têkane mung sumêdya măngsa marang Si Kancil, amarga wus angapusi marang kêbo danu sarta macan, apadene ula. Wangsulane Kancil, "Dene têka

--- 45 ---

gampang-gampang enak têmên larase, dumèh kowe padha santosa, lah bok kok coba, ora wurung kowe bakal padha diukum dening gustiku Kangjêng Nabi Suleman, kayadene buta kang bathange isih gumandhul iki. Kêbo danu macan sarta ula padha maras atine ngrungu kandhane Si Kancil sarta nonton bathang buta kang isih gumandhul, banjur padha ngasih-asih aja nganti kêna ing dêdukane Kangjêng Nabi. Kancil saguh seba Kangjêng Nabi nyuwunake pangapura marang buron tatêlu mau, nanging padha dipênging lunga-lunga, nunggonana bathang buta bae. Kancil tumuli lunga kambi nolèh-nolèh, kêbo danu pinuju obah banjur diandhêgi dening Si Kancil sarta disrêngêni amarga dikira arêp lunga, wangsulane kêbo danu ora pisan arêp lunga, mung alihan bae jalaran sayah, sawuse Kancil tumuli ambanjurake lakune, kêbo danu lan macan sarta ula padha rêmbugan minggat bae, amarga padha sumêlang yèn sida diukum kayadene

--- 46 ---

buta kang bathange katon gumandhul, golonging rêmbug sida padha minggat ora têmu-tinêmu karo Kancil.

Kacarita lakune Kancil wus satêngah sasi, tutug papèrènging gunung karasa arip bangêt, banjur turu ana ngisor carême. Satêngahe turu olèh wisik, yèn bakal ana mungsuh saka ing sabrang, bêburon akèh sarta gêdhe-gêdhe, mupung durung têka mungsuh mau, Si Kancil winarah andhisikana mênyang tanah sabrang. Kancil kagèt tumuli tangi, tinêmuning pamikire sumêdya ngupaya rewang, banjur lumaku tutug ngisoring gunung kapêthuk landhak. Sawuse padha takon-tinakonan jênênge sarta bage-binage, Kancil banjur angandhakake prêlune, prakara bakal têkaning mungsuh bêburon saka tanah sabrang, nanging wangsulane si landhak ora pisan sumêlang sarta ora wêdi, wêkasan sulaya karo Si Kancil, banjur padha nyoba ngadu kaprawiran, rikat-rikatan palayune. Si Kancil tumuli malayu,

--- 47 ---

si landhak kang amburu, nanging o[11] bisa kacandhak, wêkasan si landhak rumasa kalah cukat, banjur nantang adu kadigdayan, Si Kancil tumuli dikabruk, nanging indha nusup dhapuran gêdhang. Barêng si landhak angabruk manèh wulune padha nunjêm ing kadêbok ora bisa uwal, banjur têluk. Sawuse si landhak diuwalake saka ing kadêbok dening Si Kancil, banjur padha rêmbugan kapenaking laku. Si Kancil sumêdya mangkat anglurug ijèn marang sabrang nanging wulune si landhak dijaluk ginawe gêgaman. Si landhak nurut bae, wulune banjur dibubuti watara ana pitung puluh kajaba kang ênom. Sawuse padha andum salamêt puji dipujèkake, Kancil tumuli mangkat ngalor ngulon, satêkane pinggiring sagara kandhêg ora bisa nyabrang, Kancil kewuhan pikire. Ora antara suwe ana bajul angambang, barêng wêruh marang Si Kancil banjur anyarap, sumêdya măngsa, Kancil milar sarta calathu, "Kowe iku arêp apa, ujug-ujug banjur anyarap, lah aku măngsa [măng...]

--- 48 ---

[...sa] dhangana, lagia aku gêlêm, măngsa êntèka iwakku kowe pangan ijèn."

Bajul, "Nututa bae Kancil, wus papêsthènmu dadi panganku, dene prakara êntèk lan orane ênggonku măngsa kowe, aja takon manèh, lah bok anaa patbêlas êkas[12] iya dakuntal babar pisan bae.

Kancil, "Iya bajul aku pasrah awakku panganên, nanging sarèhne dakpêsthèkake ora êntèk, mulane aku kudu takon dhisik, kancamu kabèh pira."

Bajul, "Kancaku lanang wadon kabèh patang atus patang puluh lima, iku kang gêdhe-gêdhe bae, dene kang cilik ora dakitung."

Kancil, "Lah iku sêdhêngan, bokmanawa bisa êntèk mangan awakku, mara kancamu samono iku pêpakna kabèh."

--- 49 ---

Bajul tumuli anglumpukake kancane, sawuse nglumpuk ana sapinggiring sagara mau, pamurihe Si Kancil, banjur dikon jèjèr lêlajuran adu buntut, amarga bakal diwilang aja nganti ana kang kèri, yèn kurang cacahe bokmanawa ora êntèk. Bajul nurut bae banjur jèjèr lêlajuran nganti tutug pinggiring tanah sabrang. Kancil tumuli nguwot gigire bajul, api-api ngitung, sawuse tutug sapinggiring dharatan sabrang Kancil rikat malumpat marang pêntasan, sarta sêsumbar akèh. Bajul ora bisa nututi, padha bangêt pangungune kêna diapusi kabèh.

Kacarita lakune Kancil ana ing tanah sabrang kalunta-lunta, sumêdya anggolèki sarupaning buron alas ing tanah sabrang kabèh. Kancil tumuli katêmu banthèng lan sapi sarta kêbo, ditakoni dening Si Kancil wangsulane, "Aku iki panggêdhening bangsaku dhewe-dhewe, kaya ta: panggêdhening banthèng, panggêdhening kêbo utawa [uta...]

--- 50 ---

[...wa] panggêdhening sapi. Gonku padha kêkumpulan iki prêlu ngrêmbug bakal panglurugku marang tanah Jawa, balik kowe iku buron apa, pinangkamu ngêndi, dene gêdhemu mung samono."

Kancil, "Aku iki jêjuluk raja Kancil, pinangkaku saka tanah Jawa, iya aku kang dadi pêpundhèning buron alas tanah Jawa, sarta minăngka utusane Kangjêng Nabi Suleman." Kancil banjur anuduhake wulu landhak kang ginawa, sarta mratelakake, yèn buron alas tanah Jawa gêdhe-gêdhe bangêt, timbang karo wulune kang tinuduhake mau, dipênging sida nglurug marang tanah Jawa, amarga dipêsthèkake ora pisan kêlar anandhingi, jalaran ora timbang gêdhene, sarèhning panggêdhening buron têtêlu mau kaluhuran sabdane Si Kancil sarta padha giris anyipta gêdhe-gêdhene buron alas tanah Jawa, mulane banjur padha anjêrum sarta amratelakake padha miturut sapangrèhe Kancil. Panggêdhening buron têtêlu banjur dikon anglumpukake [anglumpu...]

--- 51 ---

[...kake] kancane dhewe-dhewe, bakal diajak anglurug marang nagara Mêsir, Kancil tumuli diiring lumaku marang têngah alas. Ana ing kono panggêdhening buron têlu mau dikon lèrèn, Kancil anutugake lakune, tumuli katêmu karo gajah sarta warak. Sawuse takon-tinakon saprêlune, sarta sawuse Kancil angamandaka kayadene gêlare marang panggêdhene buron tatêlu mau, gajah lan warak, uga banjur padha manut sapangrèhe Kancil, sarta Kancil tumuli angandhakake sêdyane bakal ambêdhah nagara Mêsir, amarga ratu ing Mêsir kagungan putri ayu, ing jagad tanpa timbang, sapa kang olèh gawe bakal dadi jatukramane. Gajah sarta panggêdhening buron alas banjur angundhangi kancane dhewe-dhewe, kaya ta warak, banthèng, kêbo danu, sapi, mênjangan, sênuk, mèmrèng macan, blêgêdaba sarta unta, kabèh sakancane padha pating janggêlêg angêbaki alas, Kancil bangêt bungahe, sarta banjur marentahake ngulawisudha [ngulawi...]

--- 52 ---

[...sudha] marang si gajah, didadèkake wadana, kawênangake nindakake paprentahan, sarta diwêkas lèrèh ana sajabaning nagara Mêsir. Besuk dina Kêmis, sasi Sura dipurih malêbu sajroning kutha. Kancil sumêdya andhisiki lumêbu sajroning kutha, kalawan laku sandi, prêlu anitik kèh sathithiking mungsuh.

Gênti cinarita nagara ing Mêsir, lagi katêkan mungsuh para ratu sèwu nagara sabalane padha asikêp gaman, kang dadi pangarêping para ratu, raja ing Kobansah Prabu Basunănda, pêpatihe jênêng Bajobarang. Dene gone para ratu anglurug marang nagara Mêsir mau, amarga padha nglamar putrine ratu Mêsir, kang pêparap Rêtna Sêtyapraba, ayu tanpa timbang, prasasat widadari ing swarga.

Nuju sawiji dina, ratu ing Mêsir sinewaka ing pagêlaran, amanggihi Raja Basunănda, pêpak upacarane, kang cakêt ana ing ngarsane Sang Prabu Kyai Patih Gajahranu lan para punggawa sapadhane, sawuse

--- 53 ---

ratu ing Mêsir ambagèkake marang raja Basunănda banjur imbalan pangandika.

Ratu ing Mêsir, "Rawuhipun anak Prabu wontên ing nagari Mêsir punapa ingkang dados karsa, dene mawi ambêkta wadyabala kathah."

Prabu Basunănda, "Sowan kula ing rama prabu badhe suwita amunakawan, ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên, anglamar sang raja putri ing Mêsir, manawi wontên pundhutanipun rama prabu, rajabrana ingkang adi-adi, kula sandika angladosi."

Ratu ing Mêsir, "Inggih anak prabu, kados botên lêpat karsanipun anak prabu, nanging sapunika mugi kasabarna rumiyin, anak prabu kula aturi ngaso wontên ing pasanggrahan."

Prabu Basunănda bangêt lêganing panggalihe mirêng kasaguhane ratu ing Mêsir, banjur pamit ngaso ing pasanggrahan, ratu ing Mêsir kondur angadhaton, kang padha sewaka bubaran.

--- 54 ---

Kacarita Rêtna Sêtyapraba pinuju tindak ing patamanan arsa siram, kairing êmban inya sapanunggalane. Sawuse Rêtna Sêtyapraba lumêbu ing yasa kambang mung kadhèrèkake êmban sawiji, para parêkan liyane banjur padha ngêngundhuh kêmbang utawa wowohan sasênênge.

Kancil ing nalika iku lakune tutug ing patamanan kono, têkane ing wayah wêngi, ora ana kang wêruh, banjur lèrèn ngisor pandhan, bangêt ênyêse atine angrasakake gandaning kakêmbangan kang bisa nyumrahake lêsahing sarira, sarta anyipta, "Mendah kang darbe patamanan, baya ayu rupane, iki tamanan adi kêna kaupamèkake patamanan ing kaswargan, pêpak sarta pelak têtanêmane." Barêng Kancil wêruh ana wong wadon akèh, wus anyipta yèn raja putri ing Mêsir kang têdhak ing patamanan, bangêt kapengine wêruh warnane, banjur agawe gêlar, angaton sinambi mangan gêgodhongan, ana pinggir sagaran, nanging api-api ora wêruh yèn akèh wong

--- 55 ---

wadon. Barêng êmban Jêlamprang sakancane para wadon wêruh marang Si Kancil, padha bangêt gumune, amarga padha durung wêruh jênênge bêburon kang mêngkono. Kancil banjur diburu êmban Jêlamprang, sumêdya dicêkêl, yèn kacandhak bakal diaturake sang putri, ananging ora bisa kacêkêl, polahe Kancil tansah ambêbeda, pangarahe aja nganti kêmba kang sumêdya nyêkêl, nanging aja kacandhak. Sarèhning Kancil kinêpung-kêpung nganti suwe ora bisa kacandhak, êmban Jêlamprang banjur lapur marang sang raja putri. Sawuse sang raja putri amirêngake ature êmban Jêlamprang, banjur tindak marang panggonan kang diaturake mau, panggalihe yèn sang raja putri dhewe kang nyêkêl amêsthi kacandhak. Barêng sang raja putri anguningani rupane Kancil bangêt rêmêne, banjur angandika marang êmban Jêlamprang sakancane, didhawuhi padha ngarah-arah bisane kacêkêl, nanging aja nganti andadèkake patine Si Kancil, diirih-iriha bae, amarga sang raja putri bangêt marmane marang Si Kancil.

--- 56 ---

Êmban Jêlamprang sakancane banjur padha tumandang angarah kacêkêle Si Kancil, dijênêngi dhewe dening sang raja putri, ananging êmban Jêlamprang sakancane mau nganti katok budine mêksa ora bisa kacandhak, sang raja putri tumuli dhawuh gawe kala, êmban Jêlamprang tumuli anglêksanani. Sawuse dadi banjur dipasang sangisoring nagasari, Kancil tumuli cinêgat lan kinêpung-kêpung dening para wadon, digiring supaya cêdhak uwit nagasari.

Rêtna Sêtyapraba uga ayasa kala, ginawe saka ing sutra kuning, sarta banjur mapan ana ing buri, karsane supaya aja nganti katon, osiking atine Kancil, "Dene kok kadêrêng têmên, putri ayu iki gone ngarah marang awakku, lah bok iya dakmalêbu ing kala." Kancil tumuli anyêdhak, sirahe banjur diêthungi kala dening êmban Jêlamprang, Kancil indha, tumuli kalane Rêtna Sêtyapraba diêthungake sarta disangèni dening sang rêtna, "Manawa Kancil iki [i...]

--- 57 ---

[...ki] tumuli kêna ing kalaku, kaulku dakkarsakake linggih jèjèr karo aku." Barêng Kancil ngrungu pangandikane sang rêtna atine ayêm, banjur narajang kalane sang rêtna, nuli disingsêti, êmban Jêlamprang dikakake nyêkêl, nanging didhawahi ngarah-arah aja nganti ningsêti gulune Kancil, bokmanawa andadèkake patine, êmban Jêlamprang nuli tumandang sumêdya nguculi nanging Kancil jola-jola, tumuli sang rêtna dhewe kang nguculi kala. Kancil amiturut bae. Barêng gulune cinandhak, sumêdya diuculi taline, Kancil matur, "Adhuh gusti dene sakit têmên, mugi sampun katarik, mangke gulu kula pêdhot." Barêng sang rêtna mirêng calathune Kancil, bangêt kagèting panggalihe, pangandikane, "Iki buron apa têka bisa tata janma." Kancil angaturake jênênge, sang rêtna banjur nimbali êmban Jêlamprang sakancane, padha dikakake ngrungokake calathune Kancil. Sawuse

--- 58 ---

padha tutug ngarsane sang rêtna, banjur padha dinangu apa wus ana kang tau wêruh, marang buron Kancil, ature êmban Jêlamprang durung tau wêruh, pangrasane Kancil iku kaya warêgul. Kancil anyauri, "Basa warêgul iku rak sadulure babi." Êmban Jêlamprang kagèt nganti mundur. Sang rêtna tumuli andangu marang Kancil, mungguh asale sarta kang anak-anak, dene tutug nagara Mêsir, ature Kancil, "Kawula punika utusanipun Gusti Kangjêng Nabi Suleman, dipun dhawahi anganglang jagad, anggèn kawula dumugi ing ngriki sumêdya badhe ngombe toya, amargi sangêt kapengin kawula, botên sumêrêp bilih lajêng dipun talikung makatên, kados tiyang dosa pêjah, gulu kawula dipun tangsuli kêkah, ngantos pandêlikan." Pangandikane sang rêtna ora sumêdya ngukum, sarta Kancil banjur diuculi. Sang rêtna mundhut pangapurane Kancil, amarga ora sumêrêp yèn utusane Kangjêng [Kang...]

--- 59 ---

[...jêng] Nabi Suleman, pangandikane sang rêtna, "Manawa nyata kowe utusane Kangjêng Nabi, apa kowe wêruh ing petangan, upama ana uwong arêp laki utawa rabi, iku kang bêcik petangane kapriye."

Kancil, "Punika gampil kemawon gusti, ananging wontên isaratipun."

Sang rêtna, "Lah isarate apa Kancil, mara pratelakna."

Kancil, "Isaratipun juwadah pêkên, sêkar konyoh, lisah wangi, pisang êmas, wondene tiyang badhe lakirabi punika dipun petangi saking namanipun lare jalêr akalihan èstri."

Sang rêtna, "Upama kaya aku iki, jênêngku Sêtyapraba, iku sapa jodhoku."

Kancil, "Sêtya punika têgêsipun têmên, praba têgêsipun sumorot, mênggah jarwanipun, têmên sumorot,

--- 60 ---

pikantukipun dhatêng tiyang ayu ingkang sumorot cahyanipun, wondene jodhonipun kêdah kakung ingkang linangkung, têmên-têmêm[13] dhatêng ing garwa, dados condhong sami têmênipun, watakipun sugih arta, sugih putra sarta rajabrana."

Sang rêtna angalêmbana dhatêng Kancil, sarta dhawah dhatêng êmban Jêlamprang, dikakakên pitakèn dhatêng Kancil. Êmban Jêlamprang angèstokakên pitakèn wicantênipun, "Kula sampeyan petangi, dene sêdya kula botên badhe laki, sarèhning sampun sêpuh, amung kalisa ing sêsakit, sarta sampun ngantos kangelan, mênggah nama kula alit pun Sakijah."

Kancil, "Niku salamêtane jangan jantung, kalih pitik jambul."

Sang rêtna banjur adhawah marang para inya para êmban sapanunggalane padha dikakake takon sarta mratelakake kajate dhewe-dhewe.

--- 61 ---

Sawuse padha takon kabèh, banjur padha didhawuhi dening sang rêtna, nyalamêtake kaya pituture Kancil. Sawuse pêpak olah-olahane, Kancil dikakake andongani, barêng wus rampung sarta wus padha mangan, sang rêtna kondur marang kaputrèn, Kancil ora kêna pisah, diasihi bangêt, dikarsakake dhèrèk dhahar, yèn turu ana ing dagane sang rêtna.

Gênti cinarita kang wus lawas ana ing pasanggrahan, Ratu Sèwunagara, Prabu Basunănda, kang dadi pangarêping para ratu, nuju sinewaka, para ratu pêpak, para punggawa santana sapanunggalane, kang rinêmbug prakara putri ing Mêsir, dene wus lawas pangantine durung ana katrangan kang dadi karsane ratu ing Mêsir. Rêmbuge para ratu mau, prayoga disebani manèh, diantêp kang dadi karsane, nanging rêmbug mangkono iku Prabu Basunănda ora condhong, kêncênging karsane sumêdya pacak baris sajabaning kutha, supaya ratu [ra...]

--- 62 ---

[...tu] ing Mêsir giris panggalihe. Para ratu wus padha condhong, banjur angundhangi para wadyabalane angrakit gêgamaning pêrang sarta pacak baris sajabaning kutha, arame swarane.

Kocapa Rêtna Sêtyapraba, nuju lênggah palataraning kaputrèn, diadhêp para êmban sapanunggalane, Kancil matur marang sang rêtna, yèn nagara ing Mêsir bakal katêkan mungsuh sato kewan, gêdhe-gêdhe, anggêgirisi, dene têkane besuk dina Kêmis tanggal kaping salawe, sasi Sura, iku sang rêtna diaturi munjuk marang ingkang rama. Dene wêruhe Si Kancil, nalika liwat ing alas, ngrungu rêmbuge sato kewan mau. Sang rêtna bangêt gêtêring panggalihe, banjur utusan êmban Jêlamprang, ngunjuki uninga marang kang rama, êmban Jêlamprang tumuli marak ing ngarsane Ratu Mêsir kang pinuju lênggah lan ingkang garwa. Sang prabu gêtêr panggalihe, banjur adhêdhawah marang kyai patih, dikakake ngundhangi [ngu...]

--- 63 ---

[...ndhangi] marang para ratu kang ana pasanggrahan, sapa kang bisa ngundurake mungsuh, bakal jinodhokake lan sang rêtna. Kyai patih tumuli mangkat marang pasanggrahane para ratu, sawuse katêmu lan Prabu Basunănda banjur andhawahake timbalane sang prabu ing Mêsir. Prabu Basunănda anyagahi ngundurake mungsuh, sarta banjur animbali pêpatihe, dikakake ngundhangi para ratu sarta wadyabala kabèh. Sawuse pêpak gêgaman sarta têngaraning pêrang banjur budhal marang sajabaning kutha.

Kacarita kang ana ing alas, gajah warak, macan, jêjawi, banthèng sarta kêbo danu, sênuk mèmrèng blêgêdobo, sawuse têka ing măngsa dina tanggal sasi kang wus tinamtu, banjur padha budhal marang sajroning kutha. Barêng tutug têpis iringing kutha, dipapagake para wadyane Ratu Sèwunagara, banjur pêrang rame, wataking buron alas binendrongan binêdhilan, rinampok,

--- 64 ---

ora giris, malah riwut pangamuke. Wadyabala cilik-cilik padha giris lumayu, nuli para ratu padha ngawaki prang, banthèng lan kêbo danu padha kasoran, sarta akèh buron alas kang mati. Prabu Basunănda tandhing lan gajah, nanging gajah kasoran, banjur tinitihan. Buron alas liyane kang padha kacandhak uga banjur dadi titihane para ratu lan para tumênggung. Barêng sinaput ing bêngi pêrang padha lèrèn, para ratu sawadyabalane padha angêdum bandhangan, sarta banjur kasukan.

Kacarita ratu ing Mêsir bangêt prihatining panggalihe, jalaran putrane Rêtna Sêtyapraba ora karsa palakrama, tumuli garwane diutus anari sarta maripih marang sang rêtna, Pramèswari angèstokake. Sarawuhe ing kaputrèn banjur angandika marang sang rêtna, andhawahake timbalane sang prabu, nanging ature sang rêtna ora karsa krama. Sasuwene

--- 65 ---

imbal pangandika, pramèswari aningali marang Si Kancil, banjur andangu marang sang rêtna. Sawuse diaturake mulabukane sarta bab bisane calathu, Kancil pinundhut dening pramèswari banjur ginawa marak marang sang prabu. Satêkane ngarsane sang prabu banjur dinangu asal sarta sêdyane, ature saka tanah Jawa, sumêdya suwita marang sang prabu ing Mêsir. Awit saka bêciking rupane sarta gone bisa tata janma, sang prabu rêsêp panggalihe marang Si Kancil.

Esuke sang prabu miyos ing sitinggil, diadhêp dening para punggawa sapanunggalane pêpak, kang cakêt ing ngarsane Kyai Patih Gajahbaun. Sang prabu andangu prakara gone Prabu Basunănda amapagake mungsuh, durung tutug pangandikane katungka sebane Prabu Basunănda, kanthi ratu tatêlu, aran Prabu Basundara, Prabu Anggêndaru, lan Prabu

--- 66 ---

Anggêndari. Sebane ratu papat mau padha ngaturi uninga yèn mungsuh buron alas wus padha kasoran, sarta nyuwun tumuline kadhaupake lan Rêtna Sêtyapraba. Prabu ing Mêsir gidhuh panggalihe dene Sang Rêtna Sêtyapraba dadi rêbutan para ratu papat kang padha ngaku angundurake mungsuh, Kancil anyundhul atur, "Gusti, mugi sampun andasosakên pakèwêdipun ing panggalih dalêm, prakawis punika gampil kemawon, para ratu sakawan punika lajêng kaabêna pêrang tandhing, pundi kang unggul ing jurit inggih kadhaupakên akalihan putra dalêm sang rêtna.

Para ratu papat mirêng ature Si Kancil padha bangêt erame dene bisa tata janma lan bisa angadili. Prabu ing Mêsir tumuli ngandika marang para ratu papat, mungguh kang dadi ature Si Kancil mau apa padha condhong. Prabu Basunănda anari marang para ratu tatêlu, apa anurut ujare Si Kancil, apa anggugu pikire [pi...]

--- 67 ---

[...kire] dhewe. Wangsulane Prabu Basundara rujuk rêmbuge Si Kancil, amarga wong padha duwe karêp, iya êndi kang olèh gawe. Prabu Anggêndari lan Prabu Anggêndaru iya padha condhong mangkono, mung Prabu Basunănda kang ora rujuk, banjur mundur tanpa pamit, para ratu têlu mau iya banjur padha pamit mundur.

Bêngine para ratu padha kasukan ana ing pasanggrahane dhewe-dhewe, esuke amêpakake gêgaman sarta têngaraning pêrang, banjur padha budhal mêtu ing paprangan. Prabu Basunănda miyos ing payudan, nitih gajah ngasta bindi sarta miranti sapraboting pêrang sêsumbar anguwuh-uwuh mungsuh, "Iki ratu ing Kobatsah Prabu Basunănda, sapa kang sumêdya mondhong Rêtna Sêtyapraba, lah papagna kaprawiranku." Tumuli pinapagake dening Prabu Anggêndaru, nitih kuda angasta gada. Sawuse arêp-arêpan, sarta sumbar-sinumbaran, nuli wiwit gada-ginada, tangkis-tinangkis tamèng

--- 68 ---

waja, nganti sadina durung ana kang kasoran, nanging nalika pêrang gajah titihane Prabu Basunănda ambrug[14] kêna ing gada êndhase banjur mati ing ênggon. Barêng wus kêsaput ing wêngi kang pêrang padha lèrèn ing pasanggrahan sarta kasukan sasênênge, esuke padha miranti pêrang manèh. Prabu Basunănda nganggo kadhèrèkake dening pêpatihe, sawuse padha mêtu ing paprangan sarta wus sumbar-sinumbaran banjur wiwit gada-ginada sarta tangkis-tinangkis tamèng waja manèh, nanging gadane padha tugêl, tumuli salin pêdhang-pinêdhang, durung nganti ana kang kataton banjur padha sèlèh pêdhang, tumuli junjung-jinunjung. Prabu Basunănda kêna jinunjung dening Prabu Anggêndara[15] tumuli binanting sarta banjur diuncalake tiba adoh. Patihe Prabu Basunănda barêng wêruh yèn ratune kasoran, banjur mangsah ing paprangan, lumawan marang Prabu Anggêndaru, gada-ginada tangkis-tinangkis tamèng waja, saka bangêt sêruning panggadane Prabu Anggêndaru, tamènge [ta...]

--- 69 ---

[...mènge] kyai patih nganti pêcah, sarta kyai patih kêna ing gada nganti mati rêmuk. Prabu Anggêndaru sêsumbar anguwuh-uwuh, tumuli Prabu Basundara lumawan maju ing paprangan. Sawuse arêp-arêpan sarta sumbar-sinumbar lan Prabu Anggêndaru banjur gada-ginada tangkis-tinangkis, nanging ora suwe Prabu Basundara kasoran.

Prabu Anggêndari tumuli mangsah ing paprangan, tindak dharat, lumawan marang Prabu Anggêndaru, sawuse arêp-arêpan sarta sumbar-sinumbaran, Prabu Anggêndari pinurih anggada dhisik, nanging ora karsa, amarga dudu watake andhingini, tumuli Prabu Anggêndaru andhingini mupuh gada, tinadhahan tamèng waja. Prabu Anggêndari ora obah astane, tumuli malês anggada, tinadhahan tamèng waja, Prabu Anggêndaru uga ora obah astane, banjur gênti gada-ginada tangkis-tinangkis tamèng waja, nanging nganti sadina durung ana kang kasoran, awit padha prawirane. Barêng wus kasaput ing wêngi

--- 70 ---

tumuli padha ngaso masanggrahan sarta kasukan sasênênge.

Gênti cinarita, putri ing Mêsir Rêtna Sêtyapraba, nuju lênggah sajroning kadhaton, bangêt prihatining panggalihe, jalaran Si Kancil pinundhut dening kang ibu ginawa sowan sang prabu ing Mêsir, nganti sawatara dina ora bali, sumêlanging panggalihe sang rêtna, bokmanawa Si Kancil pinatenan, marmane sang rêtna nganti ora dhahar ora sare, tumuli sang rRêtna tindak marang patamanan, lênggah sangisoring nagasari, dèn adhêp para êmban inya sapanunggalane, karsane sang rêtna angenggar-enggar panggalihe.

Ora antara suwe Si Kancil têka, para inya para êmban padha gunêman pating kalêsik bab têkane Si Kancil, ana kang calathu saupama Si Kancil dadia duwèkke bakal disêmbêlèh. Kancil anjujug ngarsane sang rêtna, Kancil bangêt andadèkake rênaning panggalihe sang rêtna, pangandikane, "Dhuh Kancil kalangênaku,

--- 71 ---

gonmu linggih dikêpara ngarêp, amarga bangêt kangênku marang kowe, pangrasane atiku kaya kok tinggal pitung taun." Sawuse Kancil maju tumuli matur marang sang putri, "Dhuh gusti kawula nyuwun pamit kesah saking ngarsa dalêm." Sang Rêtna bangêt kagèting panggalihe, pangandikane, "Dhuh Kancil kêkasihku, ana prakarane apa dene kowe arêp lunga, manawa ana kang kok karêpake utawa ana kakurangane gonku gêmatèni marang kowe, lah matura, aku mêsthi bakal anglêgani atimu." Ature Kancil, "Milanipun kawula nyuwun pamit kesah, amargi saking marasipun manah kawula, awit kawula badhe dipun sêmbêlèh sarta lajêng dipun sujèni dening nyai êmban ingkang majêng mangetan punika." Sang rêtna bangêt dukane, banjur andangu marang êmban Wungu kang diaturake dening Si Kancil, pangandikane, "Lah sabab apa Êmban Wungu, dene kêkasihku Si Kancil arêp kosêmbêlèh sarta kosujèni [ko...]

--- 72 ---

[...sujèni] aku măngsa parênga." Atur wangsulane êmban Wungu kambi nangis dening bangêt wêdine, "Kawula botên pisan wicantên utawi sumêdya nyêmbêlèh sarta nujèni kasih dalêm bagus Kancil, inggih lêrês kawula wicantên badhe nujèni ayam." Para êmban inya padha gumuyu ngrungu ature êmban Wungu. Pangandikane Sang Rêtna, "Lah uwis Kancil aja kopikir, balik gonmu seba ing ngarsane rama prabu dene nganti lawas, karsane rama prabu apa. Ature Kancil, "Milanipun kawula lami wontên ing ngarsanipun kangjêng rama dalêm, amargi dipun karsakakên angadili drêdahipun para ratu, jalaran kangjêng rama dalêm botên sagêd andhawuhakên[16] pangadilan." Sang rêtna bangêt rênaning panggalihe mirêng ature Si Kancil, pangandikane, "Lah dene pintêr têmên kowe iku Kancil, bisa ngadili drêdahe para ratu, sapa kang muruk marang kowe, mara tutugna aturmu, kaya apa gonmu ngadili." Ature Kancil, "Wontên ratu sakawan sami sowan ing kangjêng rama dalêm, sarta ngakên sami [sa...]

--- 73 ---

[...mi] sagêd angundurakên mêngsah buron wana, lajêng sami nyuwun kadhaupakên kalihan panjênêngan dalêm. Sarèhning ratu sakawan wau sami ngakên angsal damêl piyambak-piyambak, kangjêng rama dalêm botên sagêd angrampungi, tumuntên kawula sumundhul atur, para ratu sakawan wau sami kadhawuhan pêrang tandhing, pundi ingkang unggul piyambak juritipun, inggih punika ingkang badhe tampi ganjaran, kadhaupakên kalihan panjênêngan dalêm. Unjuk kawula mangkatên wau kangjêng rama dalêm kaparêng sangêt, tumuntên andhawahakên panantun dhumatêng para ratu sakawan, enggalipun para ratu wau inggih sami sandika." Sawuse tutug ature Si Kancil banjur didhawuhi mêmangan wowohan dhaharane sang rêtna, Kancil tumuli mangan, nanging mung êntèk gêdhang mas loro, manggis siji, ature wus warêg. Êmban Jêlamprang malengos ewa marang Si Kancil, nolèh kambi calathu nyanyêngit, "Kancil anak babi, sadulure si warêgul, barêng ana ing kadhaton [kadha...]

--- 74 ---

[...ton] mangan gêdhang êmas isih mêksa ngadi-adi, tur nalika ana ngalas panganane woh ingas." Kancil anggraita yèn dicatur ala, banjur takon, wangsulane êmban Jêlamprang mulane nolèh, amarga buwang sêpah, dene gone calathu kalêsikan iku anggusah sêmut.

Kancil tumuli pamitan arêp mêtu nonton kang padha pêrang, sang rêtna kaparêng, nanging didhawuhi ngati-ati, Kancil banjur mêtu.

Kacarita Prabu Anggêndaru lan Prabu Anggêndari, esuke padha miranti gêgamaning pêrang. Prabu Anggêndaru wus maju ing papan sarta sêsumbar nguwuh-uwuh, tumuli Prabu Anggêndari mapagake manèh, nutugake gone pêrang tandhing. Sawuse arêp-arêpan, Prabu Anggêndari masangakên tamèng waja, banjur ginada dening Prabu Anggêndaru, tamèng waja sigar marapat, Prabu Anggêndari kêna ing gada, nanging ora obah, rikat malês ambindi. Prabu Anggêndaru nangkis tamèng waja, saka sêruning panggitike, tamèng waja kang ginawe nangkis nganti rêmuk, angênani Prabu

--- 75 ---

Anggêndaru nganti sumaput, banjur cinandhak dening Prabu Anggêndari sinawatake tiba adoh, Prabu Anggêndari sêsumbar anguwuh-uwuh.

Prabu Baskara, ratu ing Yakyukum, banjur narambul lumawan ing pêrang, angasta gada lan tamèng waja. Sawuse arêp-arêpan lan Prabu Anggêndari, Prabu Baskara andhisiki mupuh gada tinangkis ing gadane Sang Prabu Anggêndari, gadane Prabu Baskara putung. Prabu Baskara nuli nyandhak pêdhang sinabêtake, tinangkis ing gada uga putung. Prabu Baskara winalês sinampe ing gada kêna pilingane nganti sumaput, banjur cinandhak sinawatake tiba adoh. Sawuse kasaput ing wêngi para ratu padha masanggrahan, sarta kang padha kasor ing pêrang padha bangêt muring-muringe marang Si Kancil, dene bisa gawe prakara gêdhe. karsane Prabu Basunănda, Si Kancil disuwun marang ratu ing Mêsir.

Kacarita esuke ratu ing Mêsir miyos ing Sitinggil, dèn [dè...]

--- 76 ---

[...n] adhêp ing para wadon, pêpak upacaraning kaprabon. Kyai patih cakêt ing ngarsane sang prabu, para punggawa sapanunggalane pêpak angadhêp, kasaru rawuhe Prabu Basunănda kang angandhut runtik ing panggalihe, sarta sêmu lingsêm dene kasor pêrange. Sawuse lênggah satata, ratu ing Mêsir angandika, "Kadospundi anak prabu pawartosipun ing paprangan, sintên ingkang unggul." Ature Prabu Basunănda, "Kula rama prabu ingkang unggul ing pêrang." Kancil tumuli sumundhul atur marang ratu ing Mêsir, "Gusti, aturipun Prabu Basunănda punika botên sayêktinipun, kala wingi kawula sumêrêp ingkang unggul pêrangipun Prabu Anggêndari, nanging sapunika taksih andumugèkakên pêrang kalihan Ratu Sèwunagari, wondene ingkang sampun kasoran ing jurit ratu sakawan. Prabu Basunănda kalihan Prabu Basundara sami kasor dening Prabu Anggêndaru. Dene Prabu Anggêndaru wau lajêng kasor dening Prabu Anggêndari [Anggê...]

--- 77 ---

[...ndari]. Tumuntên wontên malih ratu ing Yakyukum, Prabu Baskara, lumawan dhatêng Prabu Anggêndari, ugi kasoran malih, unjuk kawula punika sawantahipun kemawon."

Prabu Basunănda bangêt duka sajroning panggalih, mirêng ature Si Kancil mau, banjur matur marang ratu ing Mêsir, "Rama prabu aturipun Kancil punika mugi sampun kagalih, awit kewan punika botên kenging kaangge wêwatoning rêmbag, wangsul karsanipun rama prabu piyambak kadospundi." Pangandikane ratu ing Mêsir, "Panggalih kula inggih botên ewah, sintên ingkang unggul ing paprangan punika dados jodhonipun nini putri."

Prabu Basunănda bangêt kewraning panggalihe, tumuli pamit mundur, sarta bangêt pangănta-antane marang Si Kancil, dene bangêt gone mêjanani. Konduripun Prabu Basunănda Kancil tumuli nututi, sarta banjur anglancangi kambi lincak-lincak. Prabu Basunănda [Basu...]

--- 78 ---

[...nănda] sangsaya bangêt panasing panggalihe, Kancil banjur tinubruk, nanging ora kêna, jalaran rikat pamilare, malah Prabu Basunănda nganti krungkêb, dadi sangsaya mundhak dukane, nanging banjur pinupus, ora karsa nubruk manèh, awit manawa ijèn ginalih ora bisa kacêkêl. Prabu Basunănda banjur angundhangi wadyabalane, padha didhawuhi nyêkêl Si Kancil, wadyabalane enggal padha tumandang sarta padha sikêp gaman, Kancil kinêpung-kêpung nanging mêksa ora kacandhak, awit banjur milar marang sajabaning baris, suprandene isih mêksa dioyak-oyak, dikêpung-kêpung, saparane Si Kancil tansah binuru saka mêmpênge para wadyabala kang amburu sarta saka rikate Si Kancil. Para wadyabala mau nganti padha tubruk-tinubruk, tunggang-tinunggangan, sarta gêlut-ginêlutan kancane dhewe, wasana palayune Si Kancil anjujug pasanggrahane Prabu Anggêndari kang pinuju lênggah dèn adhêp para wadyabalane. Barêng Prabu Anggêndari [Anggê...]

--- 79 ---

[...ndari] sawadyabalane padha sumurup marang wadyabalane Prabu Basunănda padha têka sikêp gaman, panarkane linurugan, banjur pinapagake, têmah padha pêrang jalaran saka kaliru panêmune. Wadyabalane Prabu Basunănda akèh kang kaplayu sarta nandhang tatu, dene Si Kancil enak-enak lumayu sumêdya lumêbu ing kadhaton. Prabu Basunănda saya angrêdatin, dene balane padha sangsara jalaran gone amburu marang Si Kancil.

Sang Rêtna Sêtyapraba lagi lênggah ing kaputrèn, dèn adhêp para wadon, êmban Jêlamprang cakêt ing ngarsane sang putri, pangandikane sang Rêtna, "Êmban, apa kowe ngrungu para ratu kang pêrang tandhing iku sapa kang unggul, lan sapa kang kasoran, apadene kêkasihku Si Kancil wus têlung dina iki ora ana têka." Ature êmban Jêlamprang, "Saking pamanah kawula pun Kancil kados sampun dipun pêjahi dening para raja, jalaran anggènipun sagêd [sagê...]

--- 80 ---

[...d] adamèl prakawis andadosakên karisakanipun para ratu sabalanipun." Sang rêtna rêngu panggalihe marang êmban Jêlamprang dene matur mangkono ananging durung nganti kawêtu dukane kasaru têkane Kancil, andadèkake suka pirênane sang rêtna. Kancil dikarsakake jajar lênggahe sang rêtna, sarta dinangu pawartane ing jaba, dene Kancil nganti sawatara dina ora lumêbu ing kaputrèn. Ature Kancil, "Anggèn kawula ngantos lami botên marak ing ngarsa dalêm punika jalaran andumugèkakên kawula ningali ingkang sami pêrang, sakalangkung andadosakên bingahipun manah kawula." Sang Rêtna anutugake dukane marang êmban Jêlamprang pangandikane, "Hèh êmban Jêlamprang dene iki kêkasihku Si Kancil isih urip, mau aturmu wis mati, yèn mêngkono kowe iku kandhutamu pancèn gêthing bangêt marang Kancil, dadi aku sumêlang bokmanawa kowe sumêdya ngarah gawe patine Si Kancil [Kanci...]

--- 81 ---

[...l], măngka saupama Si Kancil mati amêsthi dakbelani, saka bangêting trêsnaku, mulane kowe saiki daktundhung, aku wus ora karsa ngabdèkake." Êmban Jêlamprang tumungkul anangis, sarta banjur pamitan mundur palarasan, satêkane ing jaba bangêt karănta-rantane, tansah brêbês mêlês turut dalan, osiking atine, "Iya talah gustiku sang rêtna, gonku ngêmong wiwit timur nganti diwasa, durung tau duka marang aku nganti sêrêng mangkene barêng kagungan kêkasih Si Kancil, dukane marang aku bangêt têmên, nganti ora karsa dakkawulani, besuk apa aku bisa malês marang Si Kancil, kang bisa gawe jalaraning cilakaku. "Wasana kêncênging pikire êmban Jêlamprang mung sumêdya suwita marang Prabu Basunănda.

Kacarita Prabu Basunănda lagi lênggah ing pasanggrahan, sang prabu bangêt sêkêling panggalihe, jalaran gone kasoran ing pêrang, saupama sang rêtna mung mundhut rajabrana sapanunggalane bae

--- 82 ---

mêsthi bakal kalakon, sarèhning anane prakara pêrang tandhing mau awit saka panggawene Si Kancil, marmane Prabu Basunănda tansah bangêt panganta-antane, sapa kang bisa biyantoni ngarah patine Si Kancil, bakal gêdhe ganjarane. Durung antara suwe gone lênggah Prabu Basunănda kasaru têkane êmban Jêlamprang, sang prabu kagèt banjur angandika, "Hèh êmban apa prêlunira têka ing ngarsaningsun, baya diutus dening sang rêtna." Êmban Jêlamprang matur prêmbeyan, "Adhuh gusti, sowan kawula ing ngarsa dalêm punika sumêdya suwita ing panjênêngan dalêm, amargi kawula dipun tundhung dening gusti kawula Sang Rêtna Sêtyapraba, wondene prakawisipun jalaran saking wêwadulipun Kancil." Pangandikane Prabu Basunănda, "Iya êmban, ingsun iya karsa ngabdèkake marang sira, anggêre sira saguh angarah patine Si Kancil, dene yèn bisa kalakon karsaningsun kang mangkono mau, bakal gêdhe ganjaraningsun marang sira." Ature [Atur...]

--- 83 ---

[...e] êmban Jêlamprang, "Mênggah karsa dalêm ingkang makatên punika pamanah kawula gampil, saha kawula sanggêm angangkah utawi biyantu murih pêjahipun pun Kancil." Prabu Basunănda bangêt rênaning panggalihe mirêng kasaguhane êmban Jêlamprang, pangandikane, "Sawuse sira saguh mungguh pratikêl utawa pangarah sira kapriye murih kalakon patine si Kancil." Ature êmban Jêlamprang, "Panjênêngan dalêm ayasa jala sutra ingkang alus botên katawis, bilih sampun dados, Kancil tumuntên panjênêngan dalêm suwun dhatêng Sang Prabu ing Mêsir, manawi prayogi têmbungipun, amêsthi dipun paringakên, mênggah patrapipun panjênêngan dalêm sowana piyambak dhatêng sang prabu ing Mêsir, manawi pinuju miyos ing Sitinggil, amêsthi Kancil ngadhêp, adat watakipun Kancil inggih kadugi kemawon, amargi ngandêlakên kêbat cikat măndragunanipun." Prabu Basunănda saya bingah panggalihe [pangga...]

--- 84 ---

[...lihe], karsa anglaksanani ature êmban Jêlamprang.

Gênti cinarita, Sang Rêtna Sêtyapraba lagi lênggah ing kaputrèn, dèn adhêp êmban inya sapanunggalane, Kancil uga ngadhêp cakêt sang rêtna, banjur angaturake impène, "Gusti, kawula angunjuki uninga, kala wau dalu kawula supêna, êmban Jêlamprang katingal asade baita prabot jêne sêsotya, panyadenipun dhatêng Prabu Basunănda. Sasampunipun tinumbas lajêng dipun angge mawrat badan kawula ijèn, saha lajêng kalampahakên wontên ing sagantên, panjênêngan dalêm lajêng nusul kawula, ingkang dhèrèkakên amung abdi èstri satunggal. Sawêg dumugi samantên kawula lajêng nglilir, mênggah ingkang makatên punika kadospundi wahananipun." Pangandikane sang rêtna, "Impènmu kang mangkono iku mung pratandhani[17] yèn sihku marang kowe têrus ing lair batin, lah wis aja kok rasakake, angur ayo padha

--- 85 ---

adus, awit sariraku rada lêsah." Sang rêtna tumuli siram, Kancil uga andhèrèk adus, dikramasi sarta linulur dene sang rêtna, êmban saroja sakancane padha caos busana sarta caos gagănda. Sang rêtna sawuse rampung gone siram jamas, tumuli salin agêm-agêman, agêgănda arum-arum, ngore rema, Kancil ngadhêp cakêt sang rêtna. Para êmban inya padha marak, Kancil tumuli nyuwun pamit sumêdya ngadhêp ing ngarsane sang prabu ing Mêsir, amarga wus sawatara dina ora sowan. Sang Rêtna anglilani, nanging didhawuhi ora kalilan suwe-suwe. Kancil tumuli mêtu banjur jumujug sawingkinge sang prabu ing Mêsir kang lagi sinewaka ana ing Sitinggil. Ora antara suwe Prabu Basunănda rawuh, sawuse lênggah satata, banjur diandikani dening sang prabu ing Mêsir, "Kadospundi anak prabu pawartosipun ingkang sami prang tandhing sintên ingkang èstu angsal damêl.

--- 86 ---

Ature Prabu Basunănda, "Mênggah ingkang sami prang tandhing taksih rame, wangsul anggèn kula sowan ing ngarsa prabu punika, badhe nyuwun pun Kancil, parêng botên parênga inggih kula suwun." Wangsulane prabu ing Mêsir, "Anak prabu, Kancil punika sanès kagungan kula piyambak, ingkang gadhah putra kula Sang Rêtnaningpura." Prabu Basunănda isih kêncêng ature, "Sanajan kagunganipun sang putri, nanging adêrêng panyuwun kawula, amargi sangêt kapengin kula ngingah, sanajan mundhuta lintu rajabrana ingkang adi-adi, sajung saprau kula sagah anyaosi." Ratu ing Mêsir kawêkèn panggalihe, Kancil tumuli maju lungguhe, Prabu Basunănda sangsaya bangêt panasing panggalihe marang Si Kancil, saupama aja ana ngarsane sang ratu ing Mêsir, Si Kancil kaya dèn mamaha têkan balunge. Prabu Basunănda tumuli notol atur manèh ngantêp kang dadi karsane ratu ing Mêsir, Kancil [Kanci...]

--- 87 ---

[...l] banjur tinari dening sang prabu ing Mêsir bab gone disuwun dening Prabu Basunănda. Ature Kancil, "Kawula sandika sarta nyumanggakakên sakarsa dalêm, nanging panyuwun kawula manawi kawula dipun suwun dening Prabu Basunănda dipun cêpênga piyambak." Ratu ing Mêsir mèsêm, pangandikane, "Anak prabu, kula sampun parêng pamundhutipun anak prabu punika, nanging Kancil mugi kacêpênga dening anak prabu piyambak." Ature Prabu Basunănda saguh, barêng Kancil ngrungu kasaguhane Prabu Basunănda, banjur andhingini mêtu, Prabu Basunănda enggal anututi. Prabu ing Mêsir nuli kondur angadhaton kalayan sêkêl panggalihe prakara Si Kancil.

Kacarita wêtune Si Kancil mau banjur mandhêk angêntèni Prabu Basunănda, barêng wus katon, Kancil tumuli lumaku saenak-enake nanging barêng ditututi banjur lumayu rikatan. Sawuse adoh tumuli lèrèn angêntèni ngisor waringin [wa...]

--- 88 ---

[...ringin], barêng binuru manèh iya banjur oncat rikat, sarta banjur tansah mêmanas ati. Sarèhning panggalihe Prabu Basunănda yèn Si Kancil dicêkêl ijèn amêsthi ora kacandhak, marmane banjur kondur masanggrahan, angundhangi para wadyabalane, padha didhawuhi ngêpung-ngêpung marang Si Kancil. Êmban Jêlamprang tumuli matur, Prabu Basunănda diaturi masang jala sutra, nanging warahe kudu prayitna supaya aja nganti luput, amarga manawa luput sapisan amêsthi Si Kancil banjur kanji. Prabu Basunănda tumuli angasta jala sutra, nunggal panggonane para punggawa kang padha ngêpung.

Kocapa Si Kancil, ing nalika iku awake karasa lêsu batine ngungun dene kadingarèn badane kaya tanpa bayu, barêng kang ngêpung saya ngangsêg, Kancil bangêt marase atine, salawase tumitah durung tau maras atine kaya wêktu iku,

--- 89 ---

ing batin banjur pasrah sumendhe ing pêpasthèning Gusti Allah.

Prabu Basunănda nyasmitani marang para wadyabalane kang ngêpung ana sisih kidul, sisih kulon sarta sisih êlor, banjur padha angrampita. Dene Prabu Basunănda pamanggone ana sisih wetan, ampingan para punggawa, dadi Si Kancil ora wêruh. Barêng Si Kancil malumpat, banjur dibarêngi jala sutra, badane kêna ora bisa obah. Prabu Basunănda bangêt sukaning panggalihe, jala sutra tinarik saya ningsêti, Si Kancil saya ora bisa obah, ing batin bangêt panangise, kang sinambat amung Sang Rêtna Sêtyapraba. Kaya mangkana sêsambate Si Kancil, "Dhuh gustiku mugi kantuna mukti wibawa, kawula amit pêjah, jalaran kenging paeka, awit saking pandamêlipun êmban Jêlamprang. Dhuh sang prabu ing Mêsir mugi lulusa pamêngkunipun dhatêng nagari ing Mêsir.

--- 90 ---

Kancil banjur ginawa marang pasanggrahane Prabu Basunănda. Para wadyabalane Prabu Basunănda padha rame bungah-bungah dene Kancil wus kacêkêl. Êmban Jêlamprang nyuwun lilah ngluwari punagine kêplok jokong[18] kaping pitu, sarta calathu, "Lah sandhangên wêwalêsku marang kowe Kancil, ora wurung ilang nyawamu." Prabu Basunănda banjur andhawuhake marang patihe, angandikakake gawe pagantungan, dhuwure sakira ngungkuli waringin, taline kang dawa. Sawuse rampung panggawene, Si Kancil banjur ditalèni sarta kinèrèk mandhuwur dalah jalane sutra, pangandikane Prabu Basunănda, "Hèh Kancil, iki sandhangên wêwalêsku, aja takon dosa, aku biyèn kok wirang-wirangake ana ngarsane prabu ing Mêsir." Saure Si Kancil, "Iya aku ora selak sarta ora suminggah kok patèni, mung wêkasku kowe aja [a...]

--- 91 ---

[...ja] girang-girang gumuyu gonmu arêp mondhong sang putri, sarta aja grusa-grusu polahmu, dumèh mondhong putri ayu polahmu aja kaya bajag." Prabu Basunănda bangêt dukane mirêng kakêndêlan sarta nyanyêngite calathune Si Kancil, nuli dhawuh angudhunake Si Kancil saka pagantungan. Sawuse mudhun banjur digêbugi dening Prabu Basunănda, Si Kancil bangêt panangise, jaluk tumuli dipatèni, aja suwe-suwe pinilara. Sajroning nangis kang disambat mung Sang Rêtna Sêtyapraba. Êmban Jêlamprang barêng ngrungu sêsambate Kancil, kelingan marang sang putri, bangêt angêrês ing atine sarta banjur anangis ngrungkêbi marang Si Kancil, calathune Kancil, "Kang kok tangisi apa êmban Jêlamprang wus mênênga, yèn prakara bakal patiku ora susah kok gêtuni. Aku wis wêruh yèn patiku iki saka panggawemu, mulane mau kowe kaul kêplok jokong, kaping [ka...]

--- 92 ---

[...ping] pitu. Prabu Basunănda duka gone êmban Jêlamprang nangisi marang Si Kancil, pangandikane, "Apa sababe sira nganggo nangis, apa kapengin dakgantung pisan." Ature êmban Jêlamprang, "Anggèn kawula nangis punika kèngêtan dhatêng sang raja putri ing kadhaton, alit mila kawula êmong, wasana sapunika pisah." Prabu Basunănda banjur andhawuhake anarik Si Kancil marang sadhuwuring pagantungan. Sawuse kalakon banjur angundhangi para punggawane, padha angandikakake nuguri Si Kancil ana sangisoring pagantungan. Si Kancil sawêngi bangêt sêsambat sarta panangise, "Dhuh gustiku sang raja putri, sêkaring kadhaton Mêsir, mugi akilaka pawartos, manawi kula dipun gantung sarta dipun barisi, mugi karêbata mupung dèrèng pêjah. Manawi benjing-enjing sampun kalajêng pêjah sintên ingkang kagêm kalangênan." Para punggawa kang ngrungu sêsambate Kancil padha bangêt angrêsing atine, nganti padha milu

--- 93 ---

nangis, panggalihe Prabu Basunănda saupama Si Kancil ora dipatèni amêsthi para wadyabalane padha kêna pangaribawane Si Kancil, bakal padha wêlas asih. Kancil banjur didhawuhi ngudhunake, sawuse diladèkake ing ngarsane sang prabu, Si Kancil banjur disungkêmi dening êmban Jêlamprang sarta ditangisi, Prabu Basunănda bangêt dukane. Êmban Jêlamprang ditundhung lunga. Salungane êmban Jêlamprang, Prabu Basunănda banjur narik pêdhang, sarta ngandika, "Hèh Kancil, sandhangên wêwalêsku iki." Saure Kancil sêmaya sadhela êkas, amarga isih kesukên, sarta Kancil amêkas manawa Prabu Basunănda katêmu lan sang putri dibisa momong, aja grusa-grusu, dene yèn sang putri takon marang Si Kancil, mugi dilêlipura aja nganti sang putri susah panggalihe. Pangandikane Prabu Basunănda Si Kancil wus aja mandhêk tumolèh, mung madhêpa marang

--- 94 ---

patine. Si Kancil anangis sarta masrahake patine. Prabu Basunănda banjur anyandhak marang Si Kancil, sinabêt pêdhang gulune tugêl, gêtihe putih nyiprat marang wadanane Prabu Basunănda. Sang prabu kagèt angusapi wadanane, nanging gêtihe putih wus manjing karakêt ing wadanane Prabu Basunănda.

Sang Rêtna bangêt angrêdatin, barêng midhangêt yèn kalangênane Kancil kinaniaya dening Prabu Basunănda. Solah bawane Kancil tansah agawang-gawang, yèn sang rêtna kèlingan ora bisa anyabili sêkêling panggalihe, asring banjur angrêntahake waspa saka bangêt kagungane panggalih wêlas marang Si Kancil.

Sabubare para raja padha pêrang tandhing, Raja Anggêndari kang unggul jurite banjur kadhaupake antuk raja putri ing Mêsir. Raja Anggêndari bangêt trêsnane marang garwane sarta bisa anglipur sêkêling [sê...]

--- 95 ---

[...kêling] panggalihe samasa kèlingan marang kalangênane Si Kancil, ênggone palakrama padha atut runtut ginanjar ing kawibawan.

Tamat

__________

Katêdhak dening Radèn Mas Dayat Mukadam Natasêputra, Samarasika Pakualaman, kaping 25 Sapar Sênèn Pon taun Alip ăngka 1827 utawi kaping 26 Juli 1897. Aku lair kaping 26 Juli 1880 taun Wawu.

 


tinakonan. (kembali)
rêroncèning. (kembali)
ijèn. (kembali)
Tulisan Jawa asli kurang tepat (ta suku + pasangan da). (kembali)
siji. (kembali)
kêmpis-kêmpis. (kembali)
mungguhing. (kembali)
muring-muringe. (kembali)
trêsnaku. (kembali)
10 suthike. (kembali)
11 ora. (kembali)
12 êngkas (dan di tempat lain). (kembali)
13 têmên-têmên. (kembali)
14 ambruk. (kembali)
15 Anggêndaru. (kembali)
16 andhawahakên. (kembali)
17 mratandhani. (kembali)
18 bokong (dan di tempat lain). (kembali)