Menak Cina (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934, #1087
1. | Menak Cina (Jilid 1), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
2. | Menak Cina (Jilid 2), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
3. | Menak Cina (Jilid 3), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
4. | Menak Cina (Jilid 4), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
5. | Menak Cina (Jilid 5), Balai Pustaka, 1934, #1087. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Serie No. 1146 f 0.50
Menak Cina
Jilid 1.
Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm
--- 1: [0] ---
Sêrat Menak.
Sêrat Menak wêdalan Bale Pustaka ngantos tamat dumugi sedanipun Wong Agung nalika pêrang ing Lakad.
Dene urut-urutanipun kados ing ngandhap punika:
1. Menak Sareas.
2. Menak Lare 1 - 4.
3. Menak Sêrandil.
4. Menak Sulub 1 - 2.
5. Menak Ngajrak.
6. Menak Dêmis.
7. Menak Kaos.
8. Menak Kuristam.
9. Menak Biraji.
10. Menak Kanin.
11. Menak Gandrung.
12. Menak Kanjun.
13. Menak Kăndhabumi.
14. Menak Kuwari.
15. Menak Cina 1 - 5.
16. Menak Mukub.
17. Menak Malebari 1 - 4.
18. Menak Purwakăndha 1 - 3.
19. Menak Kustup 1 - 2.
20. Menak Tasmitèn.
21. Menak Pirkaras.
22. Menak Kalakodrat 1 - 2.
23. Menak Sorangan 1 - 2.
24. Menak Jamintoran 1 - 2.
25. Menak Jaminambar 1 - 3
26. Menak Talsamat.
27. Menak Lakad 1 - 3.
Ăngka 1 - 15, sampun rampung pangêcapipun, dene sanèsipun inggih badhe tumuntên mêdal.
__________
--- 1: [1] ---
Serie No. 1146
Menak Cina
Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.
Jilid 1.
Bale Pustaka - 1934 - Batawi Sèntrêm
--- 1 : [2] ---
Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600
--- 1: [3] ---
1. Sinom
1. Dèwi Adaninggar kaarih-arih ing rama ibu
1. tur sêmbah sira nangkoda | jalwèstri sarêng umijil | sang rêtna sigra tumêdhak | geyongan cèthine kalih | kondur sang rajaputri | sapraptaning puranipun | lajêng mujung anendra | sangsaya wuwuh wiyadi | saking nyata wartane nagri Kuparman ||
2. mangkana sang rêtnaning dyah | sampun jangkêp kalih sasi | dènira nahên sungkawa | atilar nadhah lan guling | êmban kalawan cèthi | samya maras manahipun | ajrih lamun matura | mring kang rama sri bupati | yèn kang putra kandhahan lara asmara ||
3. mangkana sampun miyarsa | kang rama sri narapati | lamun kang putra sungkawa | lami tan nadhah aguling | wau ta pramèswari | kang ingutus sang aprabu | mring dalême kang putra | kapanggih sang rajaputri | maksih mujung kang ibu prapta tan têdhak ||
4. winungu mring ibunira | kagyat sang rêtnaning puri | dènira wungu gumregah | kang ibu mulat ing siwi | kadya grah tigang warsi | risake sariranipun | kang ibu jrit karuna | angrangkul putra sang putri | dhuh sutèngong Adaninggar ana paran [pa...]
--- 1: 4 ---
[...ran] ||
5. rusak têmên angganira | pagene tan matur gusti | mring ramanira sang nata | apa dadi tyasirèki | lamun sira tan wani | matur marang wong tuwamu | ingsun sira kongkona | atur uninga sang aji | apa ingkang dadi rasane tyasira ||
6. kang putra kèndêl kewala | waspanira adrês mijil | kang ibu tansah ngrêrêpa | dhuh wode tyas ingsun gusti | paran kang dadi galih | ing rusake sariramu | payo nimas matura | kang putra datan nauri | sênggruk-sênggruk sang rêtna eca karuna ||
7. adangu tan sinauran | kang ibu dènira mindi | kang putra pijêr karuna | pramèswari ling ing cèthi | matura mring sang aji | lamun putrane mangun kung | rusake kang sarira | lir wong gêrah tigang warsi | sun takoni sakêcap pan ora jarwa ||
8. manawa sri naranata | têdhaka dèn bêlakani | pawongan tur sêmbah mêsat | prapta ing ngarsa sang aji | aturing pramèswari | sadaya pan sampun katur | gupuh têdhak sang nata | ing Kaputrèn sampun prapti | pramèswari mingsêr mêthuk sri narendra ||
9. kang putra nungkêmi pada | ingaras êmbunirèki | adhuh putraningsun nyawa | apa dadi tyasirèki | jarwaa marang mami | apa ingkang sira jaluk | mundhuta gunung sotya | gunung mirah lan widuri | nora kurang nagaranira ing Cina ||
10. kang ana pitambuhana | kang ora ana ta gusti | nanging sira aranana | kurange donya jro puri | dolên sarira mami | lan sarirane ibumu | nanging
--- 1: 5 ---
sira tulusa | enake tyasira gusti | suka anèng pagadhèn datan gumiwang ||
11. myarsa andikaning rama | Rêtna Daningrat sru anjrit | sakêcap pan ora jarwa | kang rama ngandika malih | kaku tyas ingsun gusti | sira tan jarwa maring sun | apa ta arsa krama | satriya ratu ing ngêndi | apan akèh kang anglamar marang sira ||
12. kang putra pijêr karuna | kang rama ngandika malih | pilihên kang para raja | êndi kang sira sênêngi | karyanên awak mami | sasêrama sun anunggu | kurange beyanira | nagara ing Cina iki | lah karyanên têtombok gonira krama ||
13. kang putra mêksa tan jarwa | saya sru dènira nangis | kang rama ngandikèng êmban | apa pangrungunirèki | rêntênge putra mami | matur êmban Siwang Siwung | inggih putra paduka | nimbali Nangkoda Bing Sing | anyar prapta saking nagari Kuparman ||
14. nèng Kuparman pitung wulan | dagang pun Nangkoda Bing Sing | kang dinangu solah tingkah | inggih Kuparman nagari | asrine kithanèki | wêwangunane pinunjul | miwah ta kang kêkutha | pan dede trah Kuparmani | satriya di Kalana Surayèng Jagad ||
15. kawijilaning satriya | saking ing Arab nagari | angadhaton ing Kuparman | nagari dèn busanani | tuhu Wong Agung luwih | abêbala para ratu | balane lir samodra | Wong Agung Surayèng Bumi | bumi pala pilih kang tan ngèstupada ||
16. pan kasub kaonang-onang | sinêmbah para narpati | Kalana Surayaningrat [Sura...]
--- 1: 6 ---
[...yaningrat] | widigdaya ing ajurit | prawira tanpa tandhing | măndra prakosa dibya nung | suraya dining kanang | mangun sarjananing bumi | tanpa wilis wadyane kang para raja ||
17. binêkta marang Kuparman | sagunging wadya para ji | akadhaton sowang-sowang | sakèhing para narpati | arjane prajanèki | datan wontên timbangipun | miwah kang darbe kitha | wong agungipun apêkik | wingit manis arèrèh lila ing donya ||
18. santa budya rèh pinudya | tyase angambar ngasturi | alus pamulu santosa | atambuh kalis ing pokil | noraga tan sinandi | nging sampun satêngah sêpuh | kang wayah madêg nata | anèng ing Kaos nagari | kang pêparab Raja Sayid Ibnu Ngumar ||
19. punika sawêdalira | inggih pun Nangkoda Bing Sing | putra paduka sungkawa | tilar nadhah lawan guling | kasabêt ing wiyadi | Rajèng Cina duk angrungu | gumujêng suka-suka | nora kaya sira nini | baya saking gêdhene tyasira nyawa ||
20. kasmaran dening pawarta | Wong Agung Surayèng Bumi | angalêm lêgining gula | măngsa anaa nimbangi | ratu isining bumi | tan ana kang kaya iku | prawira măndraguna | bêbala para narpati | apan padha bêboyongane sadaya ||
21. bênêr nini ciptanira | kalakona iku yêkti | amuktèkakên ing bapa | miwah ibunira gusti | gampang yèn dèn tingali | kaya ngapa marganipun | angèle linampahan | ika gêdhe ingsun cilik | jarumane
--- 1: 7 ---
tingkah solahe kaya pa ||
22. yèn ingsun robana donya | brana ing Cina sun kêrig | Kuparman ênggoning donya | pira-pira kang para ji | ngaturkên bulu bêkti | mas rêtna sêsotya agung | yèn sun robana bala | wong Cina uyah upami | mung sakoyan wong Kuparman lir samodra ||
23. sayêkti datan karasa | iya saking kèhing dasih | pan raja mahraja-raja | balane kadya jaladri | wutah ngêbêki bumi | kayaparan solah ingsun | kang kinarya sarana | mrih pikêna satmatèki | rajapèni Cina Kuparman wus kathah ||
24. dadi cocak nguntal cangak | paran ta ênggone mancing | kêdhawa nguntal garudha | mêmêri anocor sapi | sayêkti tuwas sakit | sapi cinocor tan kolu | ewuhe atiningwang | yèn anaa dadi margi | kang nyebakna mring Wong Agung Kakungingrat ||
25. dèn dola sariraningwang | pramèswari anambungi | gusti iku ramanira | kewuhan kang dadi margi | sang putri jrit anangis | dhuh ibu sariraningsun | wurunga ngèstupada | mring Sang Surayaning Bumi | rama prabu sun têdha nguntapna pêjah ||
26. kang ibu anjrit karuna | katuwone sira gusti | lagi ana sênêngira | kalangan kewuhan margi | sang nata ngandika ris | dèn aririh yayi iku | pan ana dayaningwang | sutra Cina kang linuwih | gon-anggone kabèh prajurit Kuparman ||
27. pramèswari matur nêmbah | ing raka sri narapati | inggih ta kadi punapa | putranta alah ngêmasi [ngêma...]
--- 1: 8 ---
[...si] | katêmpuh wirang isin | wus bubuhane wong sêpuh | sang nata pêparentah | marang rêkyana apatih | angumpulna salêmbuting sutra Cina ||
28. lan kinèn saos baita | sawidak kang palwa kèci | rongatus baita wangkang | kang amot sang rajaputri | lan sawadya prajurit | pitung lêksa badhenipun | rumêksa putriningwang | têlung èwu kang pawèstri | kang kajaba balane mantri punggawa ||
29. miwah wadyaning pangarsa | balane rêkyana patih | kang kinèn among ing lampah | amugarèni sang putri | kabèh dèn parentahi | sanega kaprabonipun | palwaning pra dipatya | pitung atus winitawis | baitèng jro kèci rongatus sawidak ||
30. ngandika sri naranata | iya nyawa dèn aririh | karsanta măngsa wurunga | ngulati pikir kang bêcik | lawan dina rêspati | nanging sira putraningsun | luwara brangtanira | prandene tan wurung gusti | ngatêr marang Kuparman angraras driya ||
2. Mijil
2. Putri Cina badhe nginggah-inggahi Menak Jayèngmurti
1. sigra kondur wau sri bupati | tumamèng kadhaton | datan kantun lan pramèswarine | kang tinilar wau rajaputri | sangsaya wiyadi | wuwuh amangun kung ||
2. bok kang rama tan yêkti ing galih | ngecani kemawon | marma maksih wuyungan batine | dèrèng antuk nadhah lawan guling | tyasnya [tya...]
--- 1: 9 ---
[...snya] milangoni | lênglêng mangu-mangu ||
3. kang kacipta mung Sang Jayèngmurti | cumanthèl ing panon | gumarit ing iga wêkasane | tumemplok anèng walikat kering | anggubêd ing galih | tumancêb jêjantung ||
4. yèn arsa sare sang rajaputri | katon nèng pêpojok | ngungak-ungak amingkis samire | julalatan gumregah sang putri | êmban lawan cèthi | nèng jaba dinangu ||
5. gustimu mau biyang nèng ngêndi | sawene nèng pojok | gugah ingsun dene nora suwe | sun tangèni tan ana kaèksi | singidan mring ngêndi | baya nèng sor kasur ||
6. kasurira gya dèn wolak-walik | dene nora katon | baya ana ngêndi panggonane | dèn balengkrah kang guling tan kèksi | nyalimpêt mring ngêndi | baya karangulu ||
7. bantalira sigra dèn buwangi | samya tibèng gêbyog | ting palêsat umatur êmbane | gusti wau wontên kucing gandhik | dene Jayèngmurti | anggèr bok kaliru ||
8. Rêtna Adaninggar alon angling | sira iku goroh | yèn kucinga tan ana swarane | pan Wong Agung Kuparman kang prapti | andikane aris | wungua riningsun ||
9. ingsun ari Menak Jayèngmurti | prapta atêtinjo | pan mangkono mau timbalane | praptaningsun tan anggawa dasih | mung badan pribadi | kangên ing sirèku ||
10. cèthi matur gusti amung kucing | dangu meyong-meyong | samya muntêl nèng gubah ênggone [ênggo...]
--- 1: 10 ---
[...ne] | botên wontên Menak Jayèngmurti | sang putri awêngis | mênênga dikêpruk ||
11. apa kupingmu jinara arit | disuwèk marodhol | kalingan godhong gambir matane | kuping tuli sidigêjoh lêmbing | amawanti-wanti | kongsi ajur mumur ||
12. kancanipun anjawil anjiwit | wis mênênga babo | tan rinasa maksih angêtèprès | kula gusti sasontên tan guling | tan wontên wong-uwing | Menak Jayèngsatru ||
13. yèn praptaa kawula udani | amung kucing roro | sang rêtna yu saya sru dukane | tiwas têmên wong mangkene iki | wêtokna dèn aglis | nora sudi tèngsun ||
14. ngabdèkêna jampêng mata gênjik | wontên ban wotsinom | kadi lêrês anggèr pandulune | kula wau sakêdhap ningali | kumlebat nèng jawi | kadi ta wong kakung ||
15. yèn kucinga apan andhap alit | garêmênge uwong | nanging mangke wikana puruge | wontên pakiwan inggih manawi | pan umpêtan ajrih | konangan duk wau ||
16. rêtna dèwi mocot ali-ali | intêne rong jodho | ênya biyang ali-ali kiye | sun ganjarkên marang sira ugi | sakêmbaran iki | rêgane rong èwu ||
17. lawa mirahe iku sasupit | jumêrut sajodho | patang atus pan iku rêgane | mêsakakên wus tuwa sirèki | turunêna iki | mring anak putumu ||
18. lawan mori pitung kayuh iki | kêton patang
--- 1: 11 ---
kanthong | patang atus kêton sakanthonge | manjing limang atus kanthong siji | apan ingsun bibi | wêlasan kalangkung ||
19. wong wos tuwa ngadhêp rina wêngi | sayêktine repot | asebaa lêt sapasar bae | wis muliha biyang sun lilani | pawongan wotsari | bêntoyong amanggul ||
20. pan mangkono rakiting aurip | sabarang wiraos | lamun durung wêruh wêkasane | aja nuli jêbal-jêbul mijil | wiweka dèn ngênting | rusak wong amuwus ||
21. bara-bara nibani bilai | nora wruh pakewoh | têmah rusak badan saking lambe | lambe ala anggawa bilai | lamun lambe bêcik | anggawa rahayu ||
22. lawan tindak iku bêbayani | timbangane cocot | badan iki apan darma bae | kang aran wong iya lambe ugi | ati anêksèni | lathi goning jêbul ||
23. padha ngucap ana kang marêngi | kang nora nyak-ênyok | mung rong kêcap akèh pakantuke | wong nimbangi tanduk yèn patitis | kang kadya bok cèthi | antuk pitung èwu ||
24. lambe mamak anggawa bilai | gugup sêlak miyos | ngodhal-adhil sawêtu-wêtune | setan katon tan kêna sinandhing | tan wurung nulari | karusakanipun ||
25. dèn èmpêra kang kaya bok cèthi | patitis wiraos | kang winawas iku sungapane | nora lanas ayêm ngirih-irih | yèn durung tuk pikir | mênêng tanpa muwus ||
26. barang prakara ayêm [a...]
--- 1: 12 ---
[...yêm] aririh | kang dadi wêwaton | utama kang mantêp ing batine | nora bênggang lan kang among urip | arang wong bilai | yèn awas ing tanduk ||
27. kang angrusak ing badanirèki | wong kagêdhèn angkoh | nora nganggo dèn rakit batine | saking lanas wus kalêbon iblis | setan gawa dhingklik | lêngus nora urus ||
28. wau Rêtna Adaninggar maksih | dènnya gêng wirangrong | rangu-rangu tilar dhahar sare | kang cinipta ing siyang myang latri | mung Sang Jayèngmurti | kang kaparèng dunung ||
29. cêcêngklungan anèng têpaswangi | dhuh lae wak ingong | kayaparan ing têmbe dadine | pulo tampingan bangawan Mêsir | kang kali Maryanil | ingsun ngalup-alup ||
30. kutha gêdhe sawetan Mahribi | kadya ge wak ingong | dèn rungruma mring Wong Agung kae | nagara sawetaning Surati | andina sun incih | katêmua besuk ||
31. nagri kulon Ngarab gèn prajurit | babo awak ingong | mangkenea bae lalabane | wurung panggih sida angêmasi | tan èstu anyèthi | yêkti raganingsun ||
32. nagara gung gênggêng kadi langit | amêncil tan adoh | yèn ngantia lami pêpanggile | datan wande nguntal darubêsi | praja kulon Mêsir | kang sun ayun-ayun ||
33. cuwo gombak besuk sun kauli | Sang Jayèngpalugon | yèn panggiha sun kêkêpe bae | nèng tilamrum [ti...]
--- 1: 13 ---
[...lamrum] antuka sawarsi | pêputraa lagi | umure sataun ||
34. kasundhulan bobot wolung sasi | sawarsa mèh pindho | anèh têmên wong Kuparman kiye | lagi nyapèh banjur anusoni | bêbayi nêm sasi | bobot tigang tèngsu ||
35. wau cèthi kang badhe umiring | wus tampi pasangon | tigang atus kêton wong sijine | tigang èwu parêkan pra cèthi | pêponjèn nyatunggil | warata wongipun ||
36. wontên caraka saking rama ji | nimbali sang sinom | sigra-sigra sang rêtna lampahe | angrangkul cèthi ing kanan kering | praptèng ibunèki | kang putra rinangkul ||
37. adhuh gusti woding tyas nak mami | ingsun atêr mayo | sira ngandikan ramaniranggèr | gya kinanthi marang ibu sori | wus prapta ing ngarsi | kang rama lingnya rum ||
38. besuk dina Rêspati nak mami | si apatih bodhol | kang umiring rumêksa siranggèr | ingsun lagi angrungu pawarti | ing Kuparman sêpi | Wong Agung anglurug ||
39. budhal marang nagara Kuwari | Sang Jayèngpalugon | katujune laku durung kasèp | layarane wus pêrak Kuwari | pan anjujug nini | bênêr saking Nanggur ||
40. nuli anjog pamêngkang andêling | ambênêr mangulon | sadina rada mingêr mangalèr | ngulon maning anjog ing Kuwari | apan si apatih | margane tan pandung ||
41. pan wus tate ngliwati Kuwari | kalane sun kongkon | marang Mukub kono dêdalane [dê...]
--- 1: 14 ---
[...dalane] | sira nini sun gawani dasih | pitung lêksa gusti | lawan tigang èwu ||
42. lan tigang èwu parêkan cèthi | liya kang samono | kabèh iku apan ngatêr bae | ulihe barêng lan si apatih | ana pitung kêthi | kang ngatêr sirèku ||
43. pitung lêksa pitung èwu pasthi | sun karya têtombok | iku nini wong têtukon kabèh | punggawane minăngka ngêmbani | pan mung papat gusti | abêbala nyèwu ||
44. uwong iku ingsun kang maringi | padha wong têtukon | iya dadi gêgawanmu kabèh | pitung lêksa têlung èwu pasthi | tugur siyang latri | marang ing sirèku ||
45. lawan barana kang adi-adi | iya kang pitung jong | abrag-abrag satus kèci kèhe | gurubakal miwah gurudadi | kang pitung jong gusti | mirah sêsotya gung ||
46. sajinise kang padha di-adi | kalêbu pitung jong | ana sèwu kêthi pangajine | kang rongatus kèci iku gusti | sèwu yuta pasthi | pan pangajinipun ||
47. dene sira nini sun tuturi | prakara kang abot | rong prakara gêdhening panggawe | ingkang dhingin parentah narpati | kapindho ngakrami | padha abotipun ||
48. yèn tiwasa wênang bilaèni | panggawe kang loro | padha lawan wong gêguru lire | kang mêruhkên salamêting pati | ratu lawan laki | padha tindakipun ||
49. wadya iki pan kaking narpati | wadon kaking bojo | pan kuwasa barang pratikêle | aniyasat miwah [mi...]
--- 1: 15 ---
[...wah] anatrapi | sapratingkahnèki | luput wênang ngukum ||
50. sapolahe yèn wong amrih bêcik | dèn padha karaos | pon-ponane kapoka ing têmbe | nora kêna anak lawan rabi | luput ngapurèki | tan wurung anêmpuh ||
51. amung bala wênang ngapurèki | polahe kang awon | beda anak rabi wêkasane | pan mangkono nini wong akrami | apaitan eling | amrih asmara kung ||
3. Asmaradana
3. Badhe bidhalipun Putri Cina
1. pratikêle wong akrami | dudu brana dudu warna | amung ati paitane | luput pisan kêna pisan | yèn gampang luwih gampang | yèn angèl angèl kalangkung | tan kêna tinambak arta ||
2. tan kêna tinambak warni | paugêrane wong krama | amung eling paitane | eling kawisesèng priya | tan kêna asêmbrana | kurang titi kurang emut | yèku luput ngămbra-ămbra ||
3. wong lali rèhing akrami | pan kurang titi ngagêsang | wus wênang ingaran pêdhot | titi iku katêmênan | tumancêb anèng manah | yèn wong ilang têmênipun | ilang namaning akrama ||
4. iku nini dèn aeling | apan jênênging wanodya | amung têmên dandanane | lamun karèh marang priya | eling marang parentah | nastiti wus duwèkipun | yèn ilang titine liwar ||
5. pêdhot liwaring [li...]
--- 1: 16 ---
[...waring] pawèstri | apan dudu wong anjina | wong kang ilang nastitine | wong pêdhot dhêradhat bêdhat | kêndhali kang dèn mamah | pratandhane nora emut | yèn laki paitan manah ||
6. buwang ugêring aurip | lali lamun kawisesa | ing priya jênênge wadon | nyandhang dosa rong prakara | dhingin dosa ing priya | kaping kalih dosanipun | marang Hyang Lata wal Ujwa ||
7. dosa lair dosa batin | ati ugêring manungsa | yèn tan pinanthêng ciptane | iku atine binubrah | tan wande karusakan | owahing ati tan emut | pan ati ratuning badan ||
8. badan iki apan darmi | nglakoni osiking manah | yèn ati ilang elinge | ilang namaning manungsa | yèn manungsane ilang | amung rusak kang tinêmu | tangèh manggiha raharja ||
9. yèku wong durjanèng batin | uripe nora rumasa | yèn ana kang nitahake | pagene nora karêksa | ugêre wong agêsang | têka kudu sasar-susur | wong lali kaisèn setan ||
10. nora eling yèn wong urip | urip ugêring agêsang | wong mukir marang uripe | nora ngêndhalèni manah | anjarag kudu rusak | kasusu kagêdhèn napsu | kêna ginodha ing setan ||
11. pan wus panggawening iblis | ngajak lali ngajak rusak | setane jogèd ngalètèr | yèn ana wong lêngus lanas | payu dènnya dodolan | anyarug tindak rahayu |
--- 1: 17 ---
ngowahkên panthênging driya ||
12. wong nora wruh marang sisip | yèku pakartining setan | kasusu kagêdhèn angkoh | tan wruh yèn padha tinitah | iku wong tanpa tekad | pan wus watêke wong lêngus | buwang ugêring agêsang ||
13. iku nini dèn nastiti | kalamun sira tinampan | lawan Sang Jayèngpalugon | garwane kang loro padha | putri saking Karsinah | lan Parangakik puniku | aja sira duwe cipta ||
14. maruningsun loro iki | nadyan padha anak raja | ujêr gêdhe ramaningong | lawan sugih Ratu Cina | Parangakik Karsinah | rangkêpa karatonipun | maksih gêdhe nagri Cina ||
15. budi kang mangkono nini | buwangên aja kanggonan | mung nganggoa andhap asor | aja sira duwe sêdya | dèn kaparèng mêmêlas | budi ingkang dhingin mau | wong ladak anêmu rusak ||
16. yèn sira bisa nusupi | tan kêna ginawe ala | yêkti rahayu têmahe | yèn maru agawe ala | yêkti nora tumêka | andhap asorira iku | kang rumêksa badanira ||
17. lamun sira lêngus nini | miwah yèn nganggoa lanas | dadi nini sira dhewe | kang angrusak badanira | marumu loro padha | sun watara Jayèngsatru | dadi tyase karo pisan ||
18. karana garwa kêkalih | dene padha wus patutan | iya padha lanang karo | nadyan durunga patutan | karo putri dandanan | tyasira Sang Jayèngsatru |
--- 1: 18 ---
sayêkti tan kêna bênggang ||
19. têlas pituturirèki | sang nata marang kang putra | kyana patih wus ambêndhe | saos rakiting wus aglar | kabèh munggèng muara | lêmbu jong pragota sêlup | pacalang kapal giyota ||
20. sawidak kang palwa kèci | gêgamaning pra punggawa | wus aglar tata barise | prasamya momot dandanan | gumrah wong juru wêlah | wau sang kusumaning rum | samêkta busanèng wadya ||
21. wau ta sri narapati | mring garwa alon ngandika | payo sori ngatêrake | pamancale sutanira | sigra têngara budhal | mring muara sang aprabu | lan garwa ngatêr ing putra ||
22. kang garwa numpak palangki | lawan kang putra sang rêtna | anitih èsthi sang katong | gumêrah swaraning bala | sapraptaning muara | kèndêl nèng têtarub agung | matag nata kang anumpak ||
23. punggawa ingkang rumiyin | wus kamot dandananira | mung kantun wadya kaputrèn | pawèstri kang dèrèng numpak | kya patih pinaringan | sêrat kêkalih puniku | kang satunggil sêrat cacah ||
24. donya bêbêktanirèki | sêrat pangakên satunggal | lamun puniku putrine | pambajêng Sang Rajèng Cina | dening pakaryanira | anut karyane kang nuduh | nênggih Hyang Lata wal Ujwa ||
25. wus cupêt raosing tulis | tan amawi kathah-kathah | alon ngandika sang katong | payo patih anumpaka | iya lan gustinira | mara nini sutaningsun | aja pisah lan si patya ||
--- 1: 19 ---
26. rêkyana patih wotsari | wadyane têngara numpak | Patih Iyangko Samsiyo | prawira putus bicara | ayu ingêring praja | mrih luhure gustinipun | kyana patih măndraguna ||
27. wus tampi sasmitèng gusti | graita asêmu waspa | Patih Iyangko Samsiyo | mundur saking ngarsa nata | sang putri atur sêmbah | mring kang rama sang aprabu | ingaras lungayanira ||
28. pitungkase wanti-wanti | kang putra lajêng wotsêkar | mring ibu atur sêmbahe | kang ibu jêtung kewala | kawratên trêsèng putra | sêmu waspa dènnya dulu | sang nata aris ngandika ||
29. aywa sira ngrêrubêdi | ing lakune sutanira | pramèswari wus janggèlèk | lajêng ningali kang putra | panumpake ing palwa | sumaput paningalipun | dènnya mancal bêdhol jangkar ||
30. babar layare sang putri | swaraning tata panggenan | sanjata agêng urmate | baita gung ngering nganan | asri pating salêbar | palwa sawidak rongatus | abayak-bayak tan pisah ||
31. adangu sri narapati | nganti têbihe kang putra | dènira ngimur garwane | tan kobêr mulat baita | nanging maksih kapyarsa | kya patih gamêlanipun | pan mèh silêm ing dharatan ||
32. pramèswari datan eling | inginggahakên jêmpana | sang nata kondur ngadhaton | pramèswari dèrèng tata | pamirsa myang paningal | sang nata tansah ngrêrapu | garwa kang anggung sungkawa ||
33. kunêng ing Cina Sang Aji | warnanên ingkang [ing...]
--- 1: 20 ---
[...kang] lêlampah | wus angambah laut gêdhe | kumêrab pêncaring palwa | liyan kang palwa dagang | kasusu ambyar sumawur | dènnya nyimpangkên baita ||
34. ajrih tyase mutawatir | wruh lakune palwa raja | tunggule kêkucir kabèh | abang kang dadya pangarsa | kuning ing kering kanan | mangkana sang rêtnaning rum | nyandhing wong juru pandoman ||
35. andangu talatah nagri | ngilèn lampahe sang rêtna | angsal angin kras lakune | anjog ing laut Sukêrta | wontên ulam gêng ngambang | sasmita pangadhangipun | balia Sang Putri Cina ||
36. yèn banjur nêmu bilai | ngunggahi nora katampan | kadya mangkana pemute | nanging angambang kewala | palwa kèndêl sadaya | pangrasane lampahipun | katanggor ujung nagara ||
37. palwa ngarsa nganan ngering | prapta ngaturi uninga | lamun lampahe katanggor | wontên ujung katingalan | kya patih sigra minggah | ing palwanira sang ayu | palwa kabèh labuh jangkar ||
38. juru pandoman tinari | mring ki patih kayaparan | layaran rolas wêngine | saking nagari ing Cina | ana ujung katingal | juru pandoman turipun | nadyan layara sawulan ||
39. tan wontên ujung kaèksi | inggih ing laut Sukêrta | puniki dede wadose | sigra wau ingkang prapta | baita kang pangarsa | tur uninga kancanipun | pacalang pitu kang ilang ||
40. koyub ing ujung puniki | pan dede ujung punika | kang angambang [anga...]
--- 1: 21 ---
[...mbang] ulam gêdhe | layaran satêngah wulan | buntut kalawan sirah | pitung dina gênging wadhuk | cangkême satus onjotan ||
41. paran ing karsa puniki | dhuh gusti sang rêtnaning dyah | bilai agêng nah anggèr | Rêtna Daninggar ngandika | măngsa bodhoa sira | pêpatih ingsun nora wruh | pakèwuh jroning srinata ||
4. Sinom
4. Menak Jayèngmurti pêrang kalihan Raja Kemar
1. rêkyana patih tur sêmbah | pukulun sang rajaputri | sagung pusaka wasiyat | saking rama paduka ji | kang binêktakkên inggih | dhatêng nah anggèr pukulun | pan pêthi kang sadasa | pêthi kancana satunggil | pan kawula pinêtik rama paduka ||
2. pêthi mas isi bêrkatan | awasta Tunggul Ibrahim | langkung sinêkti punika | lêrêse kang darbe waris | trahing Nabi Ibrahim | pun Kalana Jayèngsatru | Wong Agung ing Kuparman | punika lamun suwawi | wêdalêna saking kandhaga kancana ||
3. suka mèsêm sang lir rêtna | pundhutên kandhaga rukmi | pawongan têtiga prapta | kang bopong kandhaga rukmi | suka mèsêm sang putri | hèh kalingane Wong Agung | surayèng pramudita | pusakane anèng mami | lah wa patih mara iku ungkabana ||
4. mendah sukane ing benjang | Wong Agung [A...]
--- 1: 22 ---
[...gung] Surayèngbumi | pusakane wus anèng wang | nora bakal awak mami | kadêrêng kudu nyèthi | baya prabawaning tunggul | kya patih aturira | prabawaning tunggul nguni | yèn binabar sampun wontên wong dêdamar ||
5. lan palwa sami labuha | rinacut tiyange sami | pasthi prahara gêng prapta | samodra amolak-malik | sigra amarentahi | labuh jangkar layar gulung | kang tunggul gya binabar | gumêbyar pan sutra kuning | mawa cahya lir soroting diwangkara ||
6. ulade kang tunggul pita | gumaludhug ing wiyati | kocak prakêmpèng samodra | jumêgur swaraning wukir | jaladri molak-malik | kang kumambang iwak ênun | kontal katut ing ombak | lumaris awêtu riris | pan samadya căndra kesahe kang ulam ||
7. wus bênggang mina kang ngambang | sumilak padhang ing ngarsi | katon talatah nagara | ujunge ingkang sayêkti | lamat-lamat jalirit | katon pêpiritanipun | ujung Kăndhabuwana | ngalingi ujung Kuwari | ing Kuwari ngalingi ujung Yujana ||
8. enggar sang rêtna juwita | miwah sawadya gêng alit | kesahe mina kang ngambang | luwar saking ing bilai | kang wadya dèn undhangi | masang layar jangkar daut | kumrab sagunging palwa | munya kêndhang gong ngrêrangin | silir-silir eca lampahing baita ||
9. kunêng gantya winursita | nênggih nagari Kuwari | kang lagya yun-yunan yuda | lawan wadya Kuparmani | andina mangun jurit | Kemar [Ke...]
--- 1: 23 ---
[...mar] kalawan Tamtanus | samya ngabên punggawa | mangkana Sang Jayèngmurti | pan anilib namur tan amawi bala ||
10. amung lawan Arya Maktal | katiga Umarmayèki | wadya gung kantun pawêkas | wus panggih Rajèng Yunani | winangsit ywa baribin | ingsun namur ing prang pupuh | hèh yayi Rajèng Yunan | ingsun ngaku wong Yunani | yèn tinakon angaku prajuritira ||
11. lamun ari benjang enjang | Si Kemar mêtua jurit | ingsun yayi kang maguta | ngaku satriya Yunani | gunêmipun sawêngi | bujana ngiras anginum | ing dalu tan winarna | ya ta kawuwusa enjing | atêngara wong Kuwari lan wong Yunan ||
12. mijil prajurit ing Yunan | Kebar lawan Kăndhabumi | malatar ing rananggana | têpung lan baris Kuwari | Raja Kemar wus mijil | lawan Bêtharèng Mêdayun | lunggyèng amparan rêtna | aglar punggawanirèki | tuwin Prabu Tamtanus wus munggèng papan ||
13. Raja Kemar amit nêmbah | ing Bathara Nyakrawati | kawula kang mêdal ing prang | inggih pun Rajèng Yunani | amba bêstane mangkin | dimèn enggal praptanipun | inggih pun Kakungingrat | sigra anitih turanggi | sampun kawot sakapraboning ayuda ||
14. mangsah praptèng pabaratan | midêr turangganirèki | Raja Kemar nguwuh lawan | hèh payo Rajèng Yunani | mêtua ing ajurit | arok bindi têmpuh bau | tur sêmbah Rajèng Yunan | mring Gusti Sang Jayèngmurti | gih punika
--- 1: 24 ---
Raja Kemar kang umangsah ||
15. Wong Agung alon ngandika | ingsun yayi kang mêtoni | tandhing prang lan Raja Kemar | turăngga sumaos ngarsi | sangkêp kaprabon jurit | têdhak saking palowanu | wadya surak gumêrah | Wong Agung sampun anitih | askardiyu anyongklang wêdhar umangsah ||
16. praptèng rana yun-ayunan | têtanya Rajèng Kuwari | prajurit sapa ranira | warnamu pêkik rêspati | Wong Agung anauri | ingsun santananing ratu | Tamtanus Rajèng Yunan | aran ingsun Sayidsami | andêl-andêling yuda panata bala ||
17. Sang Raja Kemar lingira | ingsun eram ing sirèki | satriya ngungkuli raja | lah payo kene ajurit | têkakna Sayidsami | apa kang anèng sirèku | angling kang sinung ujar | dudu caraningsun jurit | andhingini sira Kemar dhinginana ||
18. Raja Kemar ngikal gada | dèn prayitna Sayidsami | akudhunga băndabaya | prayitna sampun atangkis | sênggak Rajèng Kuwari | kuwat gadane tumêmpuh | mubal parise waja | gêni ngaladi turanggi | surak barung wadyaning mungsuh lan rowang ||
19. asênggak Sang Raja Kemar | hèh mati ko Sayidsami | wusnya ilang kang dahana | Wong Agung katon tan osik | sigra pinupuh malih | swaraning gada tumêmpuh | kuwate kang anggada | rosane ingkang atangkis | swaranira jumêbrèt pan kadya gêlap ||
20. Wong Agung datan katingal | kalaban ulading agni |
--- 1: 25 ---
Raja Kemar gora-gadha | hèh mati ko Sayidsami | pasthi ajur wor siti | katiban ing gadaningsun | gêni musna katingal | eram Sang Rajèng Kuwari | Sayidsami wêntala katiban gada ||
21. angling payo amalêsa | nauri Dyan Sayidsami | iya dèn yitna sun gada | kudhunga Rajèng Kuwari | sigra ngêtap turanggi | sarwi angikal gada gung | nênggih Usamadiman | pinupuhakên tumuli | Raja Kemar apasang tangkis lêgawa ||
22. têmpuhing gada lir gêlap | parise Rajèng Kuwari | amubal mêtu dahana | katar-katar mring wiyati | rosane kang anggitik | kuwate panangkisipun | kuda asru kapadal | tugêl gigiring turanggi | Raja Kemar tibèng siti kadhakalan ||
23. gya têdhak saking turăngga | Wong Agung Surayèng Bumi | matakapèn Sri Nusirwan | ngandika marang Apatih | Bêstak Si Jayèngmurti | kang aprang lan Kemar iku | awasna dèn waspada | dèn prayitna wong Mêdayin | patih matur inggih saèstu pun Ambyah ||
24. mirut samya ingundhangan | ngumpul wus samya miranti | kang sami saos wahana | turăngga kalawan èsthi | kabèh wadya Mêdayin | pan wus oyag barisipun | Natèng Kebar tur sêmbah | marang Sang Rajèng Yunani | kakang prabu baris Mêdayin wus oyag ||
25. kadi punika uninga | yèn raka paduka prapti | Wong Agung Surayèng Jagad | prapta anamur ing jurit | angling Rajèng Yunani | undhangana yayi prabu |
--- 1: 26 ---
prajurit kang turăngga | têlung lêksa aja luwih | angungsira wong Mêdayin undurira ||
5. Durma
5. Dèwi Kisbandiyah, Rayi Raja Kemar, kagarwa Menak Jayèngmurti
1. ya ta wau kang aprang rame kalihnya | Kemar lan Sayidsami | pan pêdhang-pinêdhang | tan ana kang kasoran | pêdhang wus tan migunani | asalin rajang | rajang-rinajang gênti ||
2. rajang rantas jirêtan sêndhal-sinêndhal | kabèh gêgaman jurit | wus datanpa karya | dangu dènira aprang | angling Radèn Sayidsami | hèh Rajèng Kemar | wus suwe aprang iki ||
3. sakathahe gêgaman wus tanpa karya | mung pratingkah sawiji | durung kalampahan | junjung-jinunjung iya | Raja Kemar bêlik-bêlik | alatah-latah | mêkasi Sayidsami ||
4. sira iku tan layak angajak aprang | iya banting-binanting | de gung luhur ingwang | sira iku pidêksa | angling Radèn Sayidsami | nadyan tiwasa | wus jamaking prajurit ||
5. sarwi mrêpak ngadêg munggèng ngarsanira | sang prabu ing Kuwari | lah payo junjunga | wau Sang Raja Kemar | sigra anyandhak tumuli | kang ikêt pinggang- | ira Sang Sayidsami ||
6. wanti-wanti ingangkat-angkat tan kangkat | pinêksa anguwati | kabèh rosanira | kinumpul munggèng asta | ananging mêksa tan osik | suku kalihnya | saya
--- 1: 27 ---
rapêt lan siti ||
7. Raja Kemar jarijinira ngêmu rah | suku tumanêm siti | sadêkung sru mojar | angur bêdhola arga | rugrug rungkad dening mami | anjunjung sira | prasasat junjung wêsi ||
8. pan sakêthi rong kêthi dhacin padhanya | malêsa Sayidsami | kuping lir dèn agar | dadya dalaning napas | inguculakên sarya ngling | payo malêsa | junjunga Sayidsami ||
9. dyan cinandhak wangkingane Raja Kemar | sarya nolih ing wuri | ngulukkên makutha | Wong Agung Tasikwaja | angling Prabu Nyakrawati | hèh Patih Bêstak | payo lumayu aglis ||
10. măngsa wurung Si Kemar ika binănda | bubar bala Mêdayin | ngungkurakên pêtak | sira Sang Kakungingrat | anjunjung pêtak barêngi | Sang Rajèng Kemar | ingikal sarwi angling ||
11. hèh wruhanta aja tambuh Raja Kemar | ya ingsun Jayèngmurti | Wong Agung Kuparman | binanting Raja Kemar | tiba ing siti gumlinting | sigra Marmaya | tarutul analèni ||
12. balanira pra dipati myang satriya | asrah bêbandan sami | wadya lit kyèh bubar | gêrus wadya sar-saran | wong Arab samya angungsi | wadya turăngga | nututi wong Mêdayin ||
13. mawur-mawur malêdug asalang-tunjang | prasamya rêbut dhingin | wus manjing ing wana | binujung kinakalang | sira prabu Yusupadi | lan Rajèng Kangkan | kang nindhihi angungsir ||
14. tan winarna wau ta Sang Kakungingrat | kondur pakuwon prapti | wus lunggyèng amparan | siniwi para [pa...]
--- 1: 28 ---
[...ra] nata | Ki Umarmaya wus prapti | lan Arya Maktal | bêkta Rajèng Kuwari ||
15. angandika gawanên mring ngarsaningwang | iku Rajèng Kuwari | wus munggèng ngayunan | alon dènnya ngandika | Wong Agung Surayèng Bumi | hèh Raja Kemar | apa kudu ngêmasi ||
16. angucapa yèn arsa urip manuta | marang agama mami | matur Raja Kemar | inggih nungkul kawula | ing Gusti Sang Jayèngmurti | sumanggèng karsa | pêjah gêsang angabdi ||
17. wus sinadatakên sira Raja Kemar | têdhak Sang Jayèngmurti | nguculi bêbandan | wus kinèn nunggil lênggah | lawan sagunging para ji | sampun ginanjar | busananing narpati ||
18. wus amanggih kamulyan Sang Raja Kemar | ngandika Jayèngmurti | hèh ta sri narendra | kabèh punggawanira | wong sanagara Kuwari | pan undhangana | asalina agami ||
19. tur sandika Kemar sapunggawanira | sampun salin agami | sagung pra dipatya | wus ngayap Raja Kemar | angling Sang Rajèng Kuwari | hèh Patih Ambar | rêsikana jro puri ||
20. Raja Kemar tur sêmbah atur kadhatyan | suwawi ta jêng gusti | tuwan ngadhatona | sampun lami nèng jaba | ngecani Sang Jayèngmurti | ngundhangi bala | lan nuduh kang tinuding ||
21. animbali kang anèng ujung Pawêkas | budhal Sang Jayèngmurti | lumirig mring kitha | lawan sawadyanira | praptèng jro kitha Kuwari | nèng sitibêntar | kèndêle Jayèngmurti ||
22. angantosi praptane kang para garwa | sang prabu ing
--- 1: 29 ---
Kuwari | mêdal magêlaran | bangsal pangapit wetan | makajangan sri bupati | sugatanira | sabên ari tulya sri ||
23. kawarnaa sakathahing para garwa | lan sawadyanirèki | tuwin para raja | kêbut saking Pawêkas | kadya wutah kang jaladri | ngalèbi jagad | wus prapta ing Kuwari ||
24. kadya suwak kang praja angêmprak-êmprak | nagari ing Kuwari | kisèn wong Kuparman | jêjêl sajroning praja | pan wus ngadhaton sang putri | panggih kalawan | kang raka Jayèngmurti ||
25. Raja Kemar angaturakên arinya | sira Rêtna Kisbandi | supaya dadosa | pawongan anjuru dang | Sang Dèwi Sudarawrêti | kang pinarcayan | mring raka anampèni ||
26. lawan Rêtna Rabingu putri Karsinah | Sirtupelèli nênggih | wus sami tinampan | rinêngga paripurna | Sang Rajaputri Kuwari | sampun aningkah | lan Sang Surayèng Bumi ||
27. wus kapêtha Kisbandi garwa taruna | langkung sih Jayèngmurti | dene putri bisa | suwitèng marunira | lan ibu Rajèng Kuwari | anggung asowan | mring Sang Surayèng Bumi ||
28. ngaturakên ing nguni supênanira | sira Putri Kisbandi | yèn kêtiban wulan | lan kagrimisan lintang | marma sukèng tyas Sang Amir | doradasihnya | krama putri Kuwari ||
29. langkung arja nagri Kuwari samana | kisèn gunging wadya Mir | kunêng kawarnaa | kang samya ngodhol lampah | sira Prabu Yusupadi | lan Rajèng Kangkan | wadya kuda tut wuri ||
--- 1: 30 ---
6. Pangkur
6. Prabu Nusirwan Anyaraya nata ing Yujana
1. marang Sang Prabu Nusirwan | saparane yèn cêlak dèn kèndêli | yèn atêbih tinut pungkur | rusak balane Bêstak | wong Mêdayin akênthèn kang wus malêdug | mawur-mawur asar-saran | mung kang cêlak lan sang aji ||
2. punika datan rinusak | mung kinalang-kalang ing kanan kering | jitus bala ing Mêdayun | lan bala Kêbar Kangkan | mung turăngga tigang lêksa datan langkung | yutan balane Nusirwan | tan ana wani nangguhi ||
3. saking Kuwari wus lêpas | limang siyang kalawan limang latri | kèndêl madyaning wana gung | sang nata masanggrahan | Rajèng Kebar ambarisi saking pungkur | kalamun pinrih arusak | măngsa gagapa basuki ||
4. sang prabu nimbali Bêstak | lênggah munggèng sangandhaping kusambi | aglar kang sumiwèng ngayun | punggawa myang satriya | sri bathara ngandika sapa kang nusul | wong Arab kang anêlasah | patih matur awotsari ||
5. pan inggih Sang Rajèng Kebar | lan ing Kangkan punika kang angusir | tigang lêksa botên langkung | mung prajurit turăngga | inggih enjang wau kawula andulu | saking doh pan botên samar | gih pun Raja Yusupadi ||
6. yèn enjing wontên ing ngarsa | ngirid barisipun wontên ing wuri | yèn sampun pukul sapuluh |
--- 1: 31 ---
punika wontên wuntat | abdi tuwan wingi sontên prapta nusul | saking Kuwari tur wikan | pun Kemar dipun gêsangi ||
7. malah kinulawisudha | nênggih arinipun putri Kisbandi | wus katur ing Jayèngpupuh | dadya garwa taruna | para garwa lan sagunging para ratu | kang wontên ujung Pawêkas | sampun kumpul nèng Kuwari ||
8. sri naranata ngandika | hèh apatih paran dayanirèki | apa mulih mring Mêdayun | ingsun wus nora bisa | gung kaponthal-ponthal angambah wana gung | kabèh mung pakartinira | kurang titi kurang yakti ||
9. pan ing mêngko nêmu papa | êndi silih rupane Si Sumiril | jang amêca sirnanipun | marang Si Kakungingrat | Raja Kemar tămpa kaluhuranipun | angaku tabit kuwasa | iladuni sira nguni ||
10. anganggêp tutur wong ngomyang | dene nora tinêmu dadi bêcik | agawe musakat ingsun | nistha kêtula-tula | sun suwèke cangkêmira ana sèwu | para ratu pra dipatya | Mêdayin kang padha gilig ||
11. marang ature Si Bêstak | durung ana saêjam kang pinanggih | amung papa kang tinêmu | rusak anasak-nasak | murang-murang jurang-jurang parang-parung | sadina durung waluywa | anggugu aturirèki ||
12. patih pucêt netyanira | pra dipati tuwin ingkang para ji | konjêm ing siti andhêku | ajrih lingsêm kalintang | noa ana kang bisa mangsuli atur | bênêr dukane sang nata | mung Rajèng Wu-awu Langit ||
13. sira Sang Raja Ubinah | matur nêmbah ing batin [bati...]
--- 1: 32 ---
[...n] ambêk pati | susah wong padha kaburu | têka dadak dêduka | aturipun inggih ta sakathahipun | pandamêl punika musna | wontên paduka pribadi ||
14. yèn tuwan botên ngêrsakna | ing ature pun patih lan para ji | purba wontên ing pukulun | măngsa kalampahana | yêkti tumut dhumatêng pun Jayèngsatru | lamun tuwan anêmaha | ing putra paduka Amir ||
15. sayêkti anut kewala | wong Mêdayin kang botên anglampahi | pasthi tilar prajanipun | kang maksih trêsnèng praja | măngsa inggih tilara tuwan pukulun | paduka bêkta suwita | yêktine sami nglampahi ||
16. lêgêg Bathara Nusirwan | lagya eca kèndêl anèng wanadri | ing nguni utusanipun | sira Kya Patih Bêstak | minta sraya mring Yujana minta tulung | duk wau kaburunira | saking nagari Kuwari ||
17. lajêng nglampahkên caraka | mring Yujana panggih sri narapati | Raja Kewusnendar saguh | ngukuhi sri bathara | pêpatihe Jawiarta kang tinuduh | ambêkta kuda salêksa | amêthuk Rajèng Mêdayin ||
18. kagyat sang prabu gêdandap | baris apa kang prapta saking ngarsi | apa wong Kebar puniku | mêgati saking ngarsa | utusane Patih Bêstak mantrinipun | têtiga dhingini lampah | dumrojog ngarsa sang aji ||
19. tur sêmbah lamun punika | dutanipun Rajèng Yujana prapti | kang tinuduh patihipun | nama pun Jawiarta | bêkta kuda salêksa punika
--- 1: 33 ---
mêthuk | dhatêng ing lampah paduka | binujung saking Kuwari ||
20. Prabu Nusirwan ngandika | mring apatih paran karsanirèki | pêpatih Yujana iku | amondhongi maring wang | Bêstak nêmbah sumanggèng karsa pukulun | tan sagêd anglangkungana | ing karsa paduka aji ||
21. punapa inggih tinulak | dutanipun Kewusnendar Narpati | ing Yujana ratu wudhu | prawira măndraguna | yèn tan arsa paduka tinulak wangsul | lamun tuwan angarsakna | wangsul dhatêng ing Kuwari ||
22. sapunika sampun tamban | putra tuwan Risang Surayèng Bumi | kadi punika yèn sampun | lilih dukane lêjar | yêkti ngowêl emut darbe marasêpuh | lamun paduka suwita | lan sawadya kang para ji ||
23. măngsa amanggiha papa | amung manggih lêlingsêm mung sakêdhik | yêktine linuhur-luhur | dhatêng pun Kakungingrat | amung wadya tuwin ingkang para ratu | merang mulat Umarmaya | tan wande dèn kalenangi ||
24. ical murwating narendra | loking jana winastan kurang budi | dhepe-dhepe marang mantu | mantu seje agama | sinuwitan ora mambu ratu agung | kewran Nusirwan wasana | ngandika kinèn nimbali ||
25. mring Ki Patih Jawiarta | prapta nêmbah ing Prabu Nyakrawati | dêdêge parusa bagus | mèmpêr Sang Rajèng Yunan | Jawiarta kadya Sang Prabu Tamtanus | para mantri ing Yujana | ing sêmu gagah ing jurit ||
26. lan wadya Kuwari beda | rikat-rikat prajurit Yujanèki | jarot-jarot bagus-bagus [ba...]
--- 1: 34 ---
[...gus-bagus] | rêsêp Prabu Nusirwan | aningali wong Yujana tandangipun | pantês ratune prawira | prajurite bêcik-bêcik ||
27. Patih Yujana tur sêmbah | kula ngutus ing putra paduka ji | amondhongi ing pukulun | dhatêng nagri Yujana | yèn wus prapta Yujana paduka prabu | yêkti Raja Kewusnendar | amukul nagri Kuwari ||
28. ing mangke sampun samêkta | prajurite mung ngantos paduka ji | pan inggih salaminipun | putra tuwan sang nata | Kewusnendar dêstun têmên ing tyasipun | arsa atandhing prawira | lang pun Menak Jayèngmurti ||
29. ing taun wingking punika | mèh umangkat sampun samêktèng jurit | nagri Kuparman pinukul | nuntên miyarsa warta | inggih suwêng dhatêng Kuwari anglurug | Wong Agung Surayèng Jagad | kang arsa dipun ayoni ||
30. Prabu Nusirwan ngandika | mring apatih Yujana sira iki | matura ing anak prabu | ingsun iya lumampah | nèng wurimu sira dèn enggal rumuhun | ninggala mantri kewala | iya kang atuduh margi ||
31. Patih Jawiarta nêmbah | lèngsèr saking ngarsa budhal dhingini | ing wuri Rajèng Mêdayun | kêbut sawadya budhal | wau Patih Jawiarta praptanipun | ing ngarsa gusti tur sêmbah | Nusirwan lumakyèng wuri ||
32. Sang Aprabu Kewusnendar | angundhangi wadya myang pra dipati | dhomas ingkang para ratu | nagari măncapraja | kalih atus prasamya ratu pinunjul | ing nguni kang kawon aprang [a...]
--- 1: 35 ---
[...prang] | kaboyong nungkul angabdi ||
33. wus budhal Rajèng Yujana | Kewusnendar tuhu ratu prajurit | wadyanira para ratu | ingkang lumakyèng ngarsa | mêthuk marang lampahe Rajèng Mêdayun | wadya lir giri kusuma | muntab balabar ngajrihi ||
34. sang nata nitih turăngga | pun jongwiyat binusanan tulya sri | ulês cêmêng surinipun | pêthak kuncunge pêthak | buntut pêthak ngumbala langkung rong pikul | ingoncèn lawan mutyara | kêkuncung miwah sêsuri ||
35. sami kinait mutyara | muncar-muncar sumorot angênèni | kang diwangkara narawung | tate binêkta aprang | pun jongwiyat nate nubruk para ratu | yèn ginada bisa indha | sadhêpa umbuling bumi ||
36. wus têbah mêdal sing kitha | wus kapêthuk Sang Prabu Nyakrawati | pangarsaning para ratu | piyak bala Yujana | mire nganan ngering jawining marga gung | rêsêp wong Mêdayin mulat | wong Yujana bêcik-bêcik ||
37. akathah kang para raja | wus atundhuk paran-pinaran sami | nênggih sarêng têdhakipun | saking wahananira | parêng gapyuk Kewusnendar awotsantun | rêsêp Sang Prabu Nusirwan | miyat Yujana Narpati ||
38. dêdêg pitung dasa êgas | ratu dhegus singsêt rowa ngajrihi | aluwês rikat dinulu | pantês wangun prawira | măndraguna sêmu paribawanipun | wus budhal manjing jro kitha | praptèng Yujana Narpati ||
39. bujana nèng sitibêntar | datan sinung makuwon anèng jawi | tinunggil jroning kadhatun [kadha...]
--- 1: 36 ---
[...tun] | sira Kya Patih Bêstak | nunggil Patih Jawiarta wismanipun | sagung para raja-raja | tinunggil wismèng dipati ||
40. wau ta rame bujana | nèng sitinggil supênuh pra dipati | Kewusnendar aturipun | milanipun paduka | pijêr minta sraya para ratu-ratu | botên dhatêng ing Yujana | amêngsah pun Jayèngmurti ||
41. botên kenging sok ratua | putra tuwan pun Arab dibya sêkti | trah Nabi Brahim puniku | milane tanpa lawan | lamun dede Kewusnendar kang umagut | kawula ajêng uninga | lamun ratu tipis-tipis ||
42. sakathahing para nata | ing Mêdayin samya ngalêm bêbisik | iki si wong bagus sêmu | ladak batin kewala | nora pati umbage kaparèng patut | angêngrêng saguh wilêtan | prajurite bêcik-bêcik ||
43. kunêng kang anggung bujana | nèng Yujana Sang Prabu Nyakrawati | apan sampun pitung dalu | wau Sang Rajèng Kebar | wus têtela mundur lan sawadyanipun | praptèng Kuwari nagara | kasmaran matur ing gusti ||
7. Asmaradana
7. Menak Jayèngmurti nglurug dhatêng Yujana
1. lagya sakeca tinangkil | Wong Agung Surayèng Jagad | aglar ingkang para katong | Raja Kemar munggèng ngarsa | lan sagung para nata | Maktal Marmaya nèng ngayun |
--- 1: 37 ---
arame samya bujana ||
2. salamine nèng Kuwari | siyang dalu ăndrawina | wong agung lan para katong | Raja Kemar langkung suka | nutug sugatanira | mangkana wau kang rawuh | Raja Yusupadi Kebar ||
3. jujug Sang Rajèng Yunani | katur Arya Parangteja | Rajèng Kebar saature | katur ing Sang Kakungingrat | pukulun rama tuwan | sampun kantênan gènipun | ngungsi nagari Yujana ||
4. Kewusnendar ratu luwih | prawira utamèng yuda | ing jagad pilih tandhinge | sagah amungsuh paduka | Kemar nambungi sabda | inggih saèstu pinunjul | Kewusnendar ing Yujana ||
5. tanpa tandhing ing ajurit | awis wontêna narendra | ingkang anăngga bobote | dhatêng Raja Kewusnendar | wudhu datanpa lawan | Wong Agung ngandika arum | sukur bage sri narendra ||
6. panêmbahan ing Mêdayin | olèha aminta sraya | ratu kang surèng palugon | kaya ge ingsun panggiha | lan Ratu Kewusnendar | hèh Raja Kemar sirèku | kariya tunggu nagara ||
7. sun tindakane pribadi | ing Yujana Kewusnendar | Raja Kemar awotsinom | patikbra anuwun duka | dhèrèk salampah tuwan | pêjah gêsanga pukulun | nglampahana karya tuwan ||
8. antuka sawabe gusti | gusti pênêde kantuna | para garwa sakathahe | wontên Kuwari nagara | amba tilar punggawa | pun Patih Ambar pukulun | lan sapalih pra dipatya ||
--- 1: 38 ---
9. iya sakarsanirèki | yèn sira kudu milua | para ratu sapratêlon | rong duman kang ingsun gawa | saduman kang kariya | hèh Umarmadi ing besuk | budhal ingsun mring Yujana ||
10. undhangana kang para ji | rong duman kang ingsun gawa | sandika ngundhangan kabèh | jêngkar dènira sineba | Wong Agung Surayèngrat | pakuwon umung gumuruh | kang samya samêktèng yuda ||
11. kang tinuduh andhingini | Sang Natèng Kăndhabuwana | wus budhal sapunggawane | Raja Samsir Ibnu Buldan | bêkta bala rong yuta | ing wuri ingkang sumambung | Raja Yusupadi Kebar ||
12. lan Rajèng Kangkan prajurit | Mantri Kuwari sadasa | ingkang munggèng ngarsa dhewe | punika kang juru marga | manggala tigang raja | swaraning bala gumuruh | lêpas narendra katiga ||
13. ing wuri têngara nuli | antara ing pitung dina | Sang Jayèngmurti budhale | saking Kuwari nagara | kadya samodra wutah | balabar tan kêna ngitung | cacahe ratu amănca ||
14. kawan lêksa kalih kêthi | samas kang ratu wadana | pan wus kêbut sawadyane | wadya lit sadina-dina | ingkang angambah wana | sinasak ingkang wana gung | têmah dadya ara-ara ||
15. putra kêkalih tan kari | Radèn Jayusman lan Ruslan | kang kantun mung ibu karo | anèng Kuwari nagara | lan garwa para raja | kunêng budhale Wong Agung | wuwusên nagri Yujana ||
16. Kewusnendar Sri Bupati | anênggih lagya drawina | lawan kang rama sang katong | sira Sang Prabu
--- 1: 39 ---
Nusirwan | angiras pagunêman | aglar pra dipatinipun | miwah satriya punggawa ||
17. Patih Bêstak munggèng ngarsi | lan Apatih Jawiarta | Kewusnendar matur alon | ing benjing enjing kawula | utusan nonjok surat | dhatêng Kuwari pukulun | panantang dhatêng pun Ambyah ||
18. yèn tan purun nungkul aris | kawula gitik ing aprang | dhatêng Kuwari tan wande | kula damêl karang abang | lagyeca angandika | wong mantri tampingan rawuh | sakawan atur uninga ||
19. yèn wontên dêdamêl prapti | tigang raja balakuswa | sampun pratăndha lampahe | balane samya bêbahak | gêmpur paminggir desa | ing Kăndhabumi sang prabu | Raja Samsir Ibnu Buldan ||
20. lawan Prabu Yusupadi | punika Narpati Kebar | Rajèng Kangkan katigane | katur ing Sri Kewusnendar | kagyat asêmu duka | kumêjot ngandika asru | hèh Apatih Jawiarta ||
21. paran ature kang pasthi | mantri kang juru tampingan | kyana patih awotsinom | inggih pun Surayèng Jagad | saking Kuwari budhal | punika ratu panganjur | Raja Samsir Ibnu Buldan ||
22. narendra ing Kăndhabumi | kaipe ing Arya Maktal | lawan ing Kebar Sang Katong | katiga Sang Rajèng Kangkan | ratu katri punika | winatawis balanipun | inggih wontên gangsal yuta ||
23. Sri Kewusnendar lingnya ris | alah silih linurugan | wong Kuparman prapta dhewe |
--- 1: 40 ---
patih sira undhangana | kabèh samêktèng yuda | ing jaban kitha ngong mêthuk | aprang lan Sang Kakungingrat ||
24. tan tutug sri narapati | dènira boga drawina | gègèr kang mungsuh praptane | bala Yujana busêkan | samya dandan sanjata | budhal panganjur kapêthuk | atata jawining kitha ||
25. prapta bala Kăndhabumi | sampun amrêpêki kitha | gumuruh karya pakuwon | anèng dhusun Măndalika | jêmbar salèring kitha | bangawan agêng ing pungkur | ngarsa ara-ara wiyar ||
26. badhe papaning ajurit | gumuruh bala Yujana | wong cilik puyêngan gègèr | prasamya ngungsi jro kitha | Kyana Patih Yujana | wus apajêg barisipun | malatar jawining kitha ||
27. samya eram aningali | solahe mungsuh kang prapta | wong bumi datan rinèwès | eca sami nambut karya | tuhu kawênang-wênang | ingkang bêbahak anutug | mungsuh tan ginawe găndra ||
28. wong Yujana dèn undhangi | aja na kang salah karya | ru-biru mungsuh praptane | padha ênêngna kewala | iya padha tambuha | mangkana wau Wong Agung | praptane wadya sadaya ||
29. sira Sang Prabu Kohkarib | kang prapta sakadangira | patang puluh para katong | samya tata pasanggrahan | lêt sadina praptanya | sira Sang Prabu Tamtanus | lêt sadina malih prapta ||
30. sira Sang Prabu Sêrandil | ing sadina malih prapta | sira sang prabu ing Kaos | sadina malih praptanya | ing Turki Raja Sarkab | dintên malih praptanipun [pra...]
--- 1: 41 ---
[...ptanipun] | Rajèng Indi lan Tursina ||
31. Rajèng Ngabêsi Biraji | longkang sadina praptanya | nulya Sang Prabu Gulangge | prapta antara sadina | sawuan para raja | wuri malih praptanipun | Wong Agung ing Parangteja ||
32. nulya Ki Umarmayèki | prapta antara sadina | nagri Yujana lir suwèk | kaisèn ing balanira | Wong Agung ing Kuparman | mangkana Sang Jayèngsatru | wus praptèng nagri Yujana ||
33. lampahan satêngah sasi | pakuwon kadi samodra | Rajèng Yujana wus miyos | makuwon jawining kitha | ing puniku kang lampah | atata sarèh gumulung | tan nganti layang panantang ||
34. akasukan siyang latri | Sang Aprabu Kewusnendar | nutug munggèng pakuwone | dèrèng arsa mêdal ing prang | anganti bala Arab | dèrèng sampurna gènipun | dènnya karya pasanggrahan ||
35. marma jêng-ajêngan sami | wong agunge andrawina | wong cilik anambut gawe | amênêdi pasanggrahan | gumrah sadina-dina | kunêng kang lagya mêmangun | pakuwon para sri nata ||
8. Sinom
8. Putri Cina damêl pasanggrahan
1. ya ta ingkang winursita | lampahe sang rajaputri | ing Cina Rêtna Daninggar | prapta muarèng Kuwari | palwa samya angranji | labuh jangkar layar gulung | kèbêkan [kèbêka...]
--- 1: 42 ---
[...n] ing muara | ing nalika tigang ari | amiyarsa warta yèn Sang Kakungingrat ||
2. saking Kuwari wus budhal | marang Yujana wus lami | amung kantun para garwa | ingkang kantun nèng Kuwari | ya ta sang rajaputri | parentah ing wadyanipun | nusul marang Yujana | sagung wong kang juru mudhi | gulung jangkar prasamya ambabar layar ||
3. lumaris marang Yujana | besuk layare angering | lir pêksi kardha rêratyan | sumilir katiyup angin | sabên palwa bupati | gamêlan pating carêngklung | ngarsane sang lir rêtna | ing kiwa têngên marapit | lan biolah salomprèt satus nèng ngarsa ||
4. layare awarna-warna | pitung dasa palwa kèci | palwa kapal kawan dasa | satus pacalangirèki | lêmbu giyota ngarsi | lan pragota pitung puluh | sèkêt kang pugarean | ênggèning mantri bupati | asri tinon lampahe baitèng Cina ||
5. wus lêpas ing lampahira | lamat-lamat anjalirit | katon ujunging Yujana | amangsit wong juru mudhi | ujung Yujana prapti | mung layaran pitung dalu | punjul tiga têngah jam | saking nagari Kuwari | samya giyak sagunging kang wadya Cina ||
6. anglela talatahira | palwa gung prasamya ririh | pan arampak bayak-bayak | katon pasisirirèki | muarane kang nagri | panjêran bandera munggul | angapit ing muara | ênggèning tugu cinandhi | pan linepa tugu agêng satus dhêpa ||
7. gênge sapuluh dipăngga |
--- 1: 43 ---
satus dhêpa luhurnèki | ênggèn panjêran bandera | sasupit ênggène ngapit | muara kanan kering | walêsan têtiyang munggul | wiyare kang bandera | apan sinjang satus kodhi | yèn binabar sawah sajung pan kauban ||
8. dhapure pinăncawarna | abang putih irêng kuning | lawan sutra kapurănta | ingkang nginggil sutra abrit | pan kalih dasa kodhi | ngandhapipun sutra wulung | anulya sutra pêthak | sami ngalih dasa kodhi | sutra kuning wêkasan kang kapurănta ||
9. wiyaripun apan samya | inggih ngalih dasa kodhi | katingal lakon sasiyang | ing ngandhap rêsik winêdhi | muara yèku nênggih | ing nginggil pan turutipun | pakuwon wadya Ngarab | dadya pasabanirèki | lamun sore para putra pinarakan ||
10. têtiga ngandhap bandera | kang cêlak pakuwonnèki | nênggih Raja Kalbudiyan | Sri Naranatèng Biraji | lawan Rajèng Ngabêsi | têpung lan Sang Natèng Kuljum | miwah Natèng Tursina | pirite ingkang mêkasi | Rajèng Buldan Kunawar lawan Kuristam ||
11. lêlampahan kalih siyang | lawan pakuwoning gusti | anèng dhusun Măndalika | Wong Agung Surayèng Bumi | bangawane pan nunggil | sapangandhap baris agung | kojor banon sarimbag | wolung dina ujurnèki | patang dina palange kang pasanggrahan ||
12. pan ing dhusun Parangjara | pakuwon muara nênggih | tinanêman sapunggawa | tigang lêksa kèhing jalmi |
--- 1: 44 ---
pabeyan Yujanèki | punggawanira wus nungkul | mring Sang Rajèng Kunawar | lan Rajèng Kuristam nênggih | sugatane mring ratu kalih punika ||
13. mawi têtarub wangunan | ambanjêng pinggir pasisir | gêdhong asirap têmbaga | pitung dasa kanan kering | wau ta kang winarni | baita pacalang rawuh | pangarsane sang rêtna | praptane samya angranji | labuh jangkar sadaya agulung layar ||
14. tinêgor nora bêbeya | pan dudu baita grami | palwa Rajaputri Cina | prapta têtinjo ngajurit | kinèndêlakên sami | palwane sang putri rawuh | tan ana munasika | kang prapta sêlur ing wuri | sangsaya gung praptane baita Cina ||
15. palwanira ingkang samas | prapta ngèbêki pasisir | lan kang satus pitung dasa | baitaning pra dipati | magêrsari salatri | palwa kapal pitung puluh | layar cindhe sadaya | pangsi abang pangsi kuning | praptanira nèng pakuwon Parangjara ||
16. tulya sri dadya tontonan | sapraja samya miyarsi | miwah barise wong Arab | sadaya samya ningali | ing Yujana Mêdayin | wurahan kadya sêsulung | jêjêl anèng muara | mangkana sang rajaputri | kinaryakkên pasanggrahan sampun dadya ||
17. winatês kinori tundha | ajidar sangkêlat wilis | winaton sangkêlat jingga | pinalisir sutra kuning | palisirira sami | rininggit kinayu apu | wiwara catur tundha | sinung paseban mangapit | kang kinarya sangkêlat wungu diwăngga ||
18. rinakit [rinaki...]
--- 1: 45 ---
[...t] pura pêpara | kang minăngka pagêr bumi | motha mêthu pala gajah | dene kang sangkêlat wilis | kang minăngka cêpuri | pakuwon para tumênggung | pan sami pala gajah | ing ngarsa pakuwon patih | ya ta wau sang rajaputri wus mêntas ||
19. lawan saparêkanira | singgahane ambêrangin | wong ingkang dêdulu têbah | kang tan purun kesah têbih | dhodhok tumungkul siti | ingundhangan samya mungkur | kang mopo jinêmala | sinampe gandhewa gadhing | mring parêkan dhomas kang cinara priya ||
20. wus prapta pura wangunan | pakuwon sang rajaputri | swaraning wadya gumêrah | gamêlanira ngrêrangin | katata ênggon sami | saruni salomprèt barung | kalataka sauran | barung lan masbun swarèki | wus apasang pêpanjêran tunggul pita ||
21. ngapit kori jawi pisan | mangkana sang rajaputri | nimbali rêkyana patya | wus prapta ngarsanirèki | dinangu ing pawarti | kyana patih awotsantun | inggih Sang Kakungingrat | wontên nagari ing ngriki | wadyanipun kadya wutahing samodra ||
22. wontên dhusun Măndalika | Wong Agung Surayèng Bumi | saking ngriki kawan dina | balanipun angêbêki | kang katingal puniki | pakuwon kadya wana gung | tinon lir wukir sasra | pasanggrahaning para ji | pan punika watêse kang pasanggrahan ||
23. ature têlik kawula | punika Natèng Biraji | sapanêkar ratu dhomas | têpung lan Rajèng Ngabêsi | cacahing pra dipati | para
--- 1: 46 ---
nata pitung èwu | wadya tanpa wilangan | bala Ngabêsi Biraji | won-awone punika ratu wadana ||
24. kang katon cêlak punika | Kunawar Sri Narapati | kalawan Rajèng Kuristam | punika kang dèn têluki | dhatêng bupati ngriki | ing Parangjara pukulun | punggawa ing Yujana | pabeyan sagung pasisir | sampun anut dhatêng Sang Rajèng Kunawar ||
25. pukulun abdi paduka | inggih pun Nakoda Bingsing | kula kèn lajêng sandia | bêkta dagangan prasami | amanggihana gusti | pun Amir Jès kadangipun | lêlurah upacara | wong Cinane Jayèngmurti | kalih lêksa kang kinarya upacara ||
26. pukulun pun biyung êmban | Siwang Siwung sampun têbih | pakuwonipun nunggila | inggih lan kawula gusti | ngandika rajaputri | iya nunggala sirèku | manawa ana prapta | sanake Nangkoda Bing Sing | atêmua lan si êmban rada kiwa ||
27. lan wa patih undhangana | iya kabèh bala mami | aja na ingkang sajarwa | ing pratingkah ingsun iki | misuwurêna sami | sun nonton wong aprang pupuh | sandika kyana patya | wuwusên Nakoda Bing Sing | sampun prapta pakuwone kadangira ||
28. Amir Jès lurah patayar | rinangkul Nakoda Bing Sing | sukur sira milu prapta | bali umiring ing gusti | wingi Rajèng Biraji | tur uninga mring Wong Agung | Parangteja yèn ana | palwa Cina akèh prapti | têtungguling lampah putrining narendra ||
29. ingsun matur ing bêndara | Wong Agung Parangtejèki [Parang...]
--- 1: 47 ---
[...tejèki] | sun pamit arsa lêledhang | pasthi yèn dipun lilani | adate kangjêng gusti | agati yèn ana laku | malah sok namur lampah | nitèni sagung pakarti | sigra manjing pakuwon ing Parangteja ||
30. kapanggih nèng pasanggrahan | Wong Agung ngandika aris | Amir Jès apa na karya | dene agati sirèki | umatur awotsari | atur uninga pukulun | amba arsa lêledhang | inggih dhumatêng pasisir | amanggihi kadang saking nagri Cina ||
31. Amir Jès ingawe ngiwa | sira pa bisa ngalingi | sun namur milu ing sira | lah apa gawene ugi | putri Cina kang prapti | gêlar sapapan prang pupuh | ana wadine baya | lakune ingsun watawis | marmanipun Amir Jès sun arsa wikan ||
32. Amir Jès umatur nêmbah | inggih yèn sampun ping kalih | punika sakarsa tuwan | kawula yèn sampun panggih | lan sanak amba sami | kadi yèn sagêd pukulun | bêkta paduka namar | wong agung ngandika aris | iya bênêr lakunira dèn sarkara ||
9. Dhandhanggula
9. Amir Jès dipun wêdhari wêwadosipun Putri Cina
1. putri Cina iku pan prajurit | wus misuwur jana pramudita | linuwih kadigdayane | manawa praptanipun | nèng Yujana dipun suruhi | marang Si Kewusnendar |
--- 1: 48 ---
apa wadinipun | Amir Jès matur anêmbah | kadi botên makotên praptaning gusti | Wong Agung angandika ||
2. witne lamun tan mêngkono ugi | sangsaya jêro sêmune iya | putri Cina ing lakune | anggonên kudaningsun | anganggoa cara bupati | lan sira têtoponga | anganggoa payung | aja anganggo patayar | mung kancamu têlung èwu aja luwih | kang busana patayar ||
3. lawan sira sun paringi abdi | satus iku wong rapli sadaya | dadia baturmu dhewe | măngka upacarèku | sawatara kaya bupati | anggawaa ampilan | ing sapantêsipun | Amir Jès matur wotsêkar | mila anggèr paring kamulyan samangkin | amba dèrèng kantênan ||
4. angandika aja walangati | dêmi ingsun iki pan kawasa | aniksa myang ganjarake | saabdine Wong Agung | ingkang alêlawan kang bêcik | kang nistha kang utama | prayoga ing laku | Amir Jès nuhun tur sêmbah | lèngsèr prapta panggih lan Nakoda Bing Sing | lajêng siyaga budhal ||
5. kuda tigang èwu kang piniji | patayar Cina saha busana | kang sarwa mas panganggene | ing marga tan winuwus | praptanira pinggir pasisir | anjujug kang ambêkta | Bing Sing wismanipun | wus tundhuk lawan apatya | ingaturan Amir Jès pan wus apanggih | lawan pêpatih Cina ||
6. langkung gupuh rêkyana apatih | katamuwan wong Cina Kuparman | upacara kabupatèn | wantu jinis puniku [pu...]
--- 1: 49 ---
[...niku] | kyana patih datan kuwatir | anglairakên basa | ing wêwadosipun | saniyate gustinira | pun Amir Jès sukèng tyas awor prihatin | ature mring ki patya ||
7. sukanipun kalangkung prayogi | mendah agênge manah kawula | dene kang dados susahe | jêng gusti watakipun | lamun lagya yun-yunan jurit | tan wontên kang kacipta | amung mêngsahipun | tan tolih liyaning aprang | yèn pinaripêksa atêmahan runtik | tan kenging ginagampang ||
8. kula atur prasêtya ki patih | aran inggih tuwan sami băngsa | ujar rahayu têmahe | jêng gusti praptanipun | wontên ngriki sinănggarunggi | gusti wingi ing karsa | lumampah anamur | mariksa prajurit Cina | ingkang atur uninga Natèng Biraji | praptane wadya Cina ||
9. nyalawadi sakaprabon jurit | mila gusti kula kang taruna | Wong Agung Parangtejane | dene gusti kang sêpuh | pan Wong Agung Surayèng Bumi | pan botên munasika | sabarang pakewuh | amung kang rayi punika | Arya Maktal undhagi pratamèng rêpit | pratingkah mêmungsuhan ||
10. inggih kadi botên wande benjing | namur anilib gusti kawula | Wong Agung Parangtejane | kyana patih lon muwus | anak dipun eca alinggih | kula marêk sang rêtna | patih gya lumêbu | sapraptanirèng ngayunan | nêmbah matur pukulun pun Bing Sing prapti | kadangipun binêkta ||
11. pun Amir Jès ingkang anglurahi [anglurah...]
--- 1: 50 ---
[...i] | patayar Cina wong upacara | Cina rong lêksa Amir Jès | punika lurahipun | langkung eram kawula gusti | lêlurah upacara | inggih wawratipun | sami lan Bupati Cina | panganggene saput ranti tigang kêthi | têtopong aperêmas ||
12. intêne topong mitulas sisih | sami intên rêgi ngalih bêlah | inggih gusti sasèlene | rencange tigang èwu | upacara kadya bupati | sang rêtna angandika | bapa dèn agupuh | reyal sakêthi paringna | lan wêkasên dèn bisaa mirapêti | amrih samuning lampah ||
13. pun Amir Jès sapawartinèki | katur sadaya marang sang rêtna | suka ki patih gya lèngsèr | praptèng pakuwonipun | sinungakên reyal sakêthi | anak ingkang timbalan | dèn bisa anamun | sarèhe gustimu kana | sira nuli jawila marang ing mami | ki patih sung pratela ||
14. Ki Amir Jès sigra anulisi | cacahe sagung prajurit Cina | mantri miwah punggawane | lawan parêkanipun | pan sadaya kawrat ing tulis | Amir Jès amit budhal | sang rêtna mring panggung | dulu solahe wong Cina | kang kaabdi marang Sang Surayèng Bumi | eram dènnya tumingal ||
15. lawan katon pakuwon bala Mir | ingkang cêlak lan ing Parangjara | pakuwon kang urut lèpèn | kambah tyas kapirangu | rangu-rangu ngarang ngranuhi | wirangrong karungrungan | kumilat malat kung | sang rêtna yu rawat waspa | kayaparan margane ingsun kapanggih [kapang...]
--- 1: 51 ---
[...gih] | lan Wong Agung Kuparman ||
16. bajing rêkta sasanèng wanadri | larang têmên Wong Agung Kuparman | padma kang têrus tarate | kamisasatên ingsun | baya ikan sinapit-sapit | paran age panggiha | dhuh lae Wong Agung | gunung gêsêng ing munajad | trêsnaningsun tan ana kang ngudanèni | dhuh Sang Surayèng Jagad ||
17. puspa ranu watêsing pamilis | kaya ngapa pêthaning sarira | ing pratingkah wêkasane | pinguling tyas Wong Agung | mati ngênas baya wak mami | sutajèng ngima arda | Wong Agung ngêndhanu | swara sasmita rêkasa | nora kêna jinadha-jadha ing kapti | dhuh Sang Jayèngbuwana ||
18. pandaming rat diwasaning bumi | sêrênging tyas badan malih rêngka | pêksi langking sasmita wèh | kêdhandhangan wak ingsun | nguladara marang Kuwari | byatning turidasmara | wiyoga angayuh | praptèng nagari Yujana | kêna ngênglêng nglanglang nginglung anglalangi | rumaras ngarawistha ||
19. kalimput ing asrama wigati | kagagas-gagas raga kêragan | gora rèh gênging wirage | Wong Agung kyèh anggunggung | nglêlana prang anglêlanangi | kasub kaonang-onang | dibyèng satru mungsuh | amutêr rat pramudita | putri Cina nèng panggung tumurun aris | mujung ing pasareyan ||
20. tan winarna lampahira prapti | pun Amir Jès lajêng mring ngayunan | Wong Agung Parangtejane | surat pratela katur | wêwadose praptaning putri | cacahing ulubalang | saprajuritipun | Arya Maktal sukèng driya | wus ngawruhi [ngawruh...]
--- 1: 52 ---
[...i] ing rèh kang anyalawadi | sêrat wus katupiksa ||
21. kunêng Wong Agung Surayèng Bumi | duk siniwèng sagung para raja | nèng tarub wangunan andhèr | pra dipati supênuh | ulubalang satriya mantri | Wong Agung Parangteja | kang tansah nèng ngayun | lan Dipati Tasikwaja | Rajèng Selan miwah Sang Prabu Kohkarib | Yunan ing Rum lan Kebar ||
22. Rajèng Kangkan Kuristam Biraji | Ngabêsi Kaos lawan Tursina | Kuwari Kăndhabumine | ratu wadana ngayun | sapanêkarira nèng wuri | munggèng kursi sadaya | ratu wadana gung | nèng wijoan palorêtna | nèng amparan wilis Sang Surayèng Bumi | alon dènnya ngandika ||
23. hèh yayi mas Parangteja lami | praptaningsun nèng nagri Yujana | durung pratăndha karyane | Arya Maktal wotsantun | inggih sêdhêng anonjok tulis | sampun atilar cara | kramaning Wong Agung | Sang Jayèngmurti ngandika | kakang Abas nulisa parikrama ji | tunggul panantanging prang ||
24. Menak Abas sigra anênulis | wuryaning srat kang tunggul panantang | datan adangu dadose | sinaosakên sampun | katur sigra Sang Jayèngmurti | anuduh kang dinuta | ratu kaduk purun | ing Kangkan Sang Raja Hukman | lumaksana mring kitha ngêmbani tulis | bêkta kuda salêksa ||
25. tan amawi wong dharat sawiji | upacara sanginggil turăngga | miwah wau panongsonge | mantri topong mas sèwu | kang jajari sêrat nèng ngarsi | amandhi lêmbing cacap |
--- 1: 53 ---
prawira nung-anung | rongèwu wurining sêrat | mantri topong suwasa sinilih asih | sadaya mandhi gada ||
26. sinongsongan srat patbêlas sisih | ginarêbêg prawira angayap | Raja Hukman nèng wurine | adhangah apêpayung | samya munggèng nginggil turanggi | nitih turăngga pêthak | agêming prang pupuh | anama pun simbarmega | ratu anom tatag prawira ngajurit | Sri Hukman Ibnu Bahram ||
27. wadya tigang èwu magêrsari | utamèng baris datan sumêlap | rêmpêg tan ana moncole | ing marga tan winuwus | pasanggrahan Yujana prapti | gègèr praptaning duta | katur ing sang prabu | Kyana Patih Jawiarta | wus anuduh mêthuk punggawa kêkalih | mundur siyaganira ||
10. Durma
10. Prabu Kewusnendar tampi sêrat panantang
1. kawuwusa Sri Bupati Kewusnendar | enjing miyos tinangkil | munggèng pasanggrahan | aglar prawiranira | punggawa satriya mantri | myang ulubalang | punggawa para aji ||
2. amalatar munggèng taratag wangunan | lan prabu ing Mêdayin | wus lunggyèng amparan | lan Prabu Kewusnendar | Patih Bêstak jajar linggih | Patih Yujana | umatur awotsari ||
3. dhuh pukulun wontên raja duta prapta | saking pun Jayèngmurti | namaning caraka | ing Kangkan Raja Hukman | ya patih
--- 1: 54 ---
iridên aglis | mring ngarsaningwang | Jawiarta wotsari ||
4. wus kapêthuk raja duta ingacaran | lajêng lampahirèki | praptèng panangkilan | piyak angering nganan | sarêng têdhak saking wajik | sêrat cinandhak | Raja Hukman pribadi ||
5. mundhi surat manjing têpining taratag | nguwuh-uwuh sru angling | hèh Sang Kewusnendar | dèn age tumutuna | saking gonira alinggih | tinggala dhampar | Kewusnendar dèn aglis ||
6. anampani ing surate gustiningwang | Risang Surayèng Bumi | wau duk miyarsa | Sang Prabu Kewusnendar | jaja bang lir mêtu gêni | Kya Patih Bêstak | ngrêrapu ing sang aji ||
7. sampun duka têka tuwan turutana | dutane Jayèngmurti | sampun si salêksa | nadyan amung satunggal | dinukan băndakalani | ngamuk satêmah | yêkti yèn bilaèni ||
8. sampun limrah sabalane Jayèngrana | inggih nadyan satunggil | kinèngkèn dinukan | angamuk ambêk pêjah | wong sakêthi bobrak-babrik | kang siji waras | Kewusnendar nuruti ||
9. sigra têdhak saking palênggahanira | Raja Hukman mrêpêki | ngulungakên surat | tinampan ing sang nata | Raja Hukman kinèn linggih | lan para raja | Kewusnendar wus linggih ||
10. buka sêrat wau Raja Kewusnendar | têmbunge ponang tulis | pèngêt surat ingwang | Ambyah kang Jayèngrana | Wong Agung Surayèng Bumi | ingkang tinitah | mring Hyang Kang Maha Suci ||
11. bisa nglêbur
--- 1: 55 ---
sakèhe diyu danawa | wil ditya lan rasêksi | isining Jabalkap | tumpês kabèh suh sirna | aprang lawan ingsun dhingin | ingkang abăngsa | darah Nabi Ibrahim ||
12. mijil saking Ismangil turun ping sanga | tinitah jroning bumi | kakunging alaga | kasub kaonang-onang | măngka babuning wong mukmin | adana darma | prawira tamèng jurit ||
13. kang sinêmbah dening para raja-raja | kabèh ing Bawahangin | tuwin para raja | iya ing tanah Ajam | wruhanira prapta mami | hèh Kewusnendar | ana Ratu Mêdayin ||
14. kang bêbisik iya Bathara Nusirwan | iya kang ngrusak adil | tan pasthi ing ujar | kang cidra ing ubaya | sakèhe praja dèn ungsi | iku aturna | ing ngarsa pada mami ||
15. yèn kalakon mangkono hèh Kewusnendar | sira anêmu bêcik | awèt madêg nata | mêngku nagri Yujana | hèh eling-eling dèn eling | Natèng Yujana | yèn tan mangkono ugi ||
16. nora têtêp iya utamangganira | anèng badanirèki | kagyat duk miyarsa | Sang Prabu Kewusnendar | kang sêrat sinêbit-sêbit | langkung bramantya | asru dènira angling ||
17. hèh muliha duta dèn age matura | mring gustinira Amir | kapan magut ing prang | dêstun têmên wak ingwang | atandhing prang ngadu sêkti | lawan Si Arab | Raja Hukman wus pamit ||
18. sarêng nitih turăngga sawadyanira | sarya sru dènira ngling | iya wong Yujana | esuk [e...]
--- 1: 56 ---
[...suk] mêtua ing prang | dèn padha angungsi pati | nyamêthi kuda | kumêrug angajrihi ||
19. sêsandêran lampahe Sang Rajèng Kangkan | lawan sawadyanèki | tan antara prapta | pakuwon Măndalika | katur sasolah tinuding | yèn Kewusnendar | kêdah miyosi jurit ||
20. angundhangi Wong Agung Surayèng Jagad | mring sagung kang para ji | samêktèng ayuda | wus tamtu wong Yujana | pêksa umagut ing jurit | dalu bujana | Wong Agung Jayèngmurti ||
21. enjingira sagung para raja-raja | samêkta ing ajurit | sigra atêngara | Risang Surayèng Jagad | mijil barising para ji | lir singa lodra | gumrah kêndhang gong bèri ||
22. tambur suling salomprèt munya barungan | puksur gurnang thongthonggrit | prajurit Kuparman | dalêdêg tan petungan | kadya ladhu banjir wukir | ngèbêki papan | balabar tanpa têpi ||
23. kang wadya jro tumundhung matundha-tundha | bêdhol baris para ji | marang ara-ara | pamedan Măndalika | mèt papan atata baris | kadya samodra | baris Arab miranti ||
24. pan anggênggêng kadi trunaning udaya | barise kang para ji | sadaya wus prapta | ngara-ara pamedan | gora rèh kagiri-giri | swaraning wadya | lir udan sinêmèni ||
25. sampun mijil Wong Agung Surayèng Jagad | ginrêbêg ing prajurit | praptèng ara-ara | panggih baris wus tata | Wong Agung Surayèng Bumi | sampun alênggah | dhampar mas sêsotya di ||
--- 1: 57 ---
26. munggèng ngarsa Wong Agung ing Parangteja | Dipati Guritwêsi | pra ratu wadana | samya lunggyèng wijoan | pra ratu panêkar wuri | saos ing yuda | sadaya munggèng kursi ||
27. wau Prabu Yujana miyos ing yuda | lan prabu ing Mêdayin | saprajuritira | muntab sing pasanggrahan | praptèng papan tata baris | têpung kalangan | mungsuh rowang barêngi ||
28. swaranira kadya manêngkêr bawana | Kewusnendar ningali | barise wong Arab | kadi samodra wutah | lêgêg ing tyas sri bupati | asru ngandika | ngatag prajuritnèki ||
29. lah cacakên wong Arab kagila-gila | barise tanpa wilis | sigra atur sêmbah | ratu andêl Yujana | Raja Jamsit ing Sidanti | amit umangsah | ing gusti sri bupati ||
30. Raja Kewusnendar asru angandika | lah iya Raja Jamsit | padha cêkêlana | prajurite wong Arab | saksana anitih èsthi | amandhi gada | gêng inggil angajrihi ||
31. tri gumuruh surak bala ing Yujana | sira Sang Raja Jamsit | praptèng rananggana | sêsumbar nguwuh lawan | sapa kang arsa ngêmasi | prajurit Arab | papagên tandang mami ||
32. iki silih ratu andêling Yujana | Raja Jamsit Sidanti | wudhu ing ayuda | tate nguwisi karya | wau tan bêtah miyarsi | amit tur sêmbah | Sang Natèng Kăndhabumi ||
33. Raja Samsir Ibnu Buldan wus umangsah | ingidèn ing Sang Amir | anitih dipăngga | sarta amandhi gada | kawot sakaprabon jurit | surak wong
--- 1: 58 ---
Arab | kadya manêngkêr langit ||
34. praptèng papan wus panggih ayun-ayunan | angling Sang Raja Jamsit | hèh wong Arab sapa | kang mêtu ing ayuda | angakua mupung urip | sumaur sugal | Sang Prabu Kăndhabumi ||
35. apa cadhok sira Jamsit marang ingwang | gêgobogira tuli | jampêng tan miyarsa | yèn Samsir Ibnu Buldan | dora sira tan udani | nora miyarsa | ing swargi jêng rama ji ||
36. Ratu Kăndhabumi Raja Buldan tuwa | si kakang Banakamsi | sasedane bapa | kakang madêg narendra | Sidanti lan Kăndhabumi | ratu macapat | Raja Jamsit nauri ||
37. kalingane sira anak Raja Buldan | ratu prawirèng jurit | lah pagene sira | suwita Raja Ngarab | dadi boyongan sirèki | duk kakangira | jidhèt anèng Mêdayin ||
38. kalingane sira dadi bêboyongan | nungkul ing Jayèngmurti | sira pan kinarya | Ratu Kăndhabuwana | têka saèn sira iki | baya wus ilang | yuwananing ajurit ||
39. kapirare ingsun pranga lawan sira | êndi Si Jayèngmurti | tuwin Umarmaya | tanapi Arya Maktal | pan sira ratu bêbayi | lan durung ana | labêtmu ing ajurit ||
40. amucicil sugal dènira angucap | Sang Rajèng Kăndhabumi | hèh Jamsit prang setan | sirarsa nampik lawan | sagêndhingmu sun tadhahi | payo gadaa | Raja Jamsit nauri ||
41. bêcik sira Samsir dhinginana gada | ngling Natèng Kăndhabumi [Kăndhabu...]
--- 1: 59 ---
[...mi] | yèn prajurit Ngarab | tan watak dhinginana | gumuyu Sang Raja Jamsit | iya dèn yitna | sigra amutêr bindi ||
42. Raja Samsir wus kudhung parise waja | sigra pinupuh aglis | jumêbrèt lir gêlap | paris mubal dahana | winalês Sang Raja Jamsit | gada-ginada | ing prang tan tolih wuri ||
11. Pangkur
11. Prangipun nata ing Kăndhabumi mêngsah raja ing Sidanti
1. surak bala ing Yujana | miwah wau bala ing Pusêrbumi | barung kadya wukir guntur | tan ana kang kasoran | danguning prang arame pupuh-pinupuh | anjrit dipăngga kalihnya | kapadal dening panangkis ||
2. kalihe prakosanira | kinumpulkên munggèng ing asta kalih | arame pupuh-pinupuh | wau parisanira | Raja Jamsit nèng dipăngga sirahipun | ingantêp panggadanira | mring Sang Prabu Kăndhabumi ||
3. Jamsit parisane sigar | kampat sirah dipăngga angênèni | katêmpuh bindi malêdug | Raja Jamsit malumpat | tibanira praptèng dharat sang aprabu | marêpêki narik pêdhang | sigra Natèng Kăndhabumi ||
4. tumurun saking dipăngga | rame pêdhang-pinêdhang kang ajurit | wadya suraknya gumuruh | wong Arab wong Yujana | antuk sisih kang ayuda kalihipun | pan sami prakosanira | samya prawirèng ajurit ||
5. satêngange [satênga...]
--- 1: 60 ---
[...nge] dènira prang | salin pêdhang pêdhang tan migunani | agantya junjung-jinunjung | Raja Jamsit angangkat | marang Rajèng Kăndhabumi tan tajunjung[1] | eram kang sami tumingal | yudane prawira kalih ||
6. Wong Agung ing Parangteja | mar kumêsar mulat ingkang ajurit | Arya Tasikwaja muwus | Maktal ipemu ika | ratu ladak kumêthak rada kumênthus | têka nêngna bae uga | aja nuli ko tulungi ||
7. mèsêm Arya Parangteja | ngawe kuda mèsêm Sang Jayèngmurti | yayi mas ipemu iku | kênomên durung măngsa | mung kasêlak kêsusu bère tyasipun | mêngko antinên sadhela | wau ta kang yuda kalih ||
8. Sang Raja Jamsit ingangkat | wangkingane mring Natèng Kăndhabumi | jinunjung sampun kajunjung | sigra binanting kisma | gumalinting Tajiwalar prapta gupuh | Pêpatih Kaumarmayan | analèni Raja Jamsit ||
9. binêkta mundur saksana | Raja Samsir marêk ing Jayèngmurti | angaras pada rinangkul | wau lungayanira | ngaras ingkang êmbun winacakkên Jabur | kasaput surya diwasa | tinêtêgan bêdhol baris ||
10. kang aprang mundur kalihnya | amakuwon Risang Surayèng Bumi | lan sawadya para ratu | ing dalu andrawina | miwah Prabu Yujana bujana nutug | ing dalu tan winursita | enjing anêmbang têngari ||
11. muntab barise wong Arab | wus arakit tatane kadi wingi | tan ana dhih-dhihan iku | tabêt wingi kinarya | miwah bala Yujana barise mêtu [mê...]
--- 1: 61 ---
[...tu] | têpung akapang kalangan | atut prasamya wong cilik ||
12. Wong Agung Surayèng Jagad | sampun munggèng dirgasana rinukmi | ingayap kang para ratu | aglar prajurit Ngarab | Prabu Kewusnendar pan sampun alungguh | munggèng amparan kancana | miwah Batharèng Mêdayin ||
13. lênggah mèru padmasana | andhèr ingkang prawira pra dipati | pan kadya samodra pagut | mungsuh kalawan rowang | Prabu Kewusnendar asru dènnya nuduh | marang Prabu Bindandara | andêl Sang Rajèng Tarkibin ||
14. mangsah anitih turăngga | sikêp pêdhang praptèng rana sang aji | sêsumbar anguwuh-uwuh | lah payo mêtonana | bala Ngarab sapa ingkang arsa lampus | papagêna tandang ingwang | iki Sang Rajèng Tarkibin ||
15. Raja Yusupadi Kebar | datan bêtah miyarsa nuwun pamit | ingidèn anguswa suku | mêsat saking ngayunan | nitih kuda wong Arab surak gumuruh | miwah bala ing Yujana | surake mawanti-wanti ||
16. wus panggih ayun-ayunan | Natèng Kebar asru dènira angling | wong Yujana sapa ranmu | iya kang mêtu ing prang | angakua asru dènira sumaur | ingsun Raja Bindandara | prajaningsun ing Tarkibin ||
17. sira sapa aranira | anauri sun Raja Yusupadi | apa kang anèng sirèku | lah payo lêkasêna | sagêndhingmu ing aprang aliru pupuh | Bindandara ngikal pêdhang | ngêtap kuda marêpêki ||
18. hèh Natèng Kebar dèn yitna | ingsun pêdhang kudhunga [kudhung...]
--- 1: 62 ---
[...a] paris wêsi | Natèng Kebar wus akudhung | parise gya pinêdhang | sarwi sênggak wong Yujana surak umung | miwah wadyabala Arab | lir gora manêngkêr langit ||
19. pêdhang manjing paris waja | patang nyari kêbate Yusupadi | kinipat pêdhange putung | angling Sang Natèng Kebar | ingsun walês dèn prayitna sira prabu | akudhunga băndabaya | sigra Sang Rajèng Tarkibin ||
20. kudhung parise malela | ngêtap kuda Sang Prabu Yusupadi | sarwi ngikal pêdhangipun | kinitêr Bindandara | gya pinêdhang sigar palih parisipun | kampat baunira pagas | niba Sang Rajèng Tarkibin ||
21. wong Arab surak gumêrah | Raja Bindandara sampun ngêmasi | Yusupadi nguwuh-uwuh | lah payo mêtanana | Wong Yujana sapa ingkang arsa lampus | papagêna tandang ingwang | iki Raja Yusupadi ||
22. mangsah satriya Yujana | arinipun Kewusnendar Narpati | kang nama Radèn Bandarkung | prawira măndraguna | nitih kuda marang pabaratan mamprung | wus panggih ayun-ayunan | lawan Raja Yusupadi ||
23. wong Yujana ranmu sapa | anauri sun arine sang aji | kang nama Radèn Bandarkung | apa sira Si Maktal | dudu ingsun Ratu Kebar kang jêjuluk | Yusupadi măndraguna | wong Arab andêling jurit ||
24. payo Bandarkung mêdhanga | sigra narik pêdhang radyan sru angling | dèn prayitna sira prabu | ngikal pêdhang lumarap | tinadhahan ing parise kêbatipun [kêbati...]
--- 1: 63 ---
[...pun] | Bandarkung pangonjotira | pêdhang-pinêdhang atangkis ||
25. rame rok acorok pêdhang | samya wasis pamêdhang myang panangkis | sami mubêng kudanipun | kitêr-kinitêr gantya | pangêtape parêng uwal parêng gapyuk | akalang-kinalang gènnya | parêng têmpuh parêng nguthik ||
26. parêng giwarakên kuda | nganan ngèri kang mêdhang ting carêngkling | pan kadya kêkupu tarung | tan ana kang kasoran | surak umyung samya sukane kang dulu | kang aprang sami digdaya | dangu tan ana kajodhi ||
27. parêng buwang pêdhangira | nyandhak rajang rajang-rinajang gênti | cacap-cinacap apêluk | tan ana kang kasoran | langkung rame kang aprang kasaput dalu | tinêtêgan kalihira | mundur pur ingkang ajurit ||
28. Yusupadi praptanira | ngaras pada mring Sang Surayèng Bumi | makuwon sawadyanipun | miwah kang para nata | tuwin Rajèng Yujana sawadya mundur | saking rana ing pamedan | lan sang prabu ing Mêdayin ||
29. ing dalu samya bujana | kunêng ingkang lagya amangun jurit | gantya kawursitèng têmbung | kang anggung grah asmara | rajaputri ing Cina yeka mangun kung | awirangrong karungrungan | kewran ing driya mawêrdi ||
30. witning amangun sungkawa | dening aturipun rêkyana patih | ngaturkên wêwatakipun | Wong Agung Surayèngrat | yèn lagya prang apan ora sigan-sigun | atêbih marang wanodya | tan tolih liyaning jurit ||
31. dènirarsa anjuru dang | mring Wong Agung Arab kapalang warti | tan arsa marang dyah
--- 1: 64 ---
ayu | yèn lagya mangun yuda | dadya kambah ing mêmala amalad kung | wimbuh ing tyas kawimbuhan | kadya kasêsêlan wukir ||
32. pan sampun samadya căndra | nèng Yujana dèrèng angsal aguling | tan anadhah tan anginum | mung Sang Surayèng Jagad | kang amulêt palikêt anèng jêjantung | karya pêtani panggungan | agung ninis lan anangis ||
33. kang sinambat ing wacana | mung sêsambat Wong Agung Jayèngmurti | dhuh lae têtanggon ingsun | dene nora kayaa | angèl têmên ing paekane Wong Agung | paran ingkang dadi marga | tuluse ingsun apanggih ||
34. turăngga pangirid rata | wuryaning kang baris rusaking jurit | ing tyas ingsun rêmak-rêmpu | kawratan ing kung rimang | apa ingkang dadi usadaning wuyung | Wong Agung Surayèng Jagad | bisa wèh lara wiyadi ||
35. diwasaning diwangkara | unggah ingkang sayuta wong amilis | tan gumingsir ciptaningsun | malah sangsaya dadra | ênggon ingsun angèstupada Wong Agung | dening rondhoning tilarsa | ing tyas datan kêna ririh ||
36. praja gung saloring Êsam | yèn luputa sire tyas ingsun iki | lêpihan nir sunggingipun | pasthi yèn lêlêburan | nora sae mulih mring Cina wak ingsun | luputa karon asmara | lan Wong Agung Jayèngmurti ||
37. êndi margane wèh papa | dening apa tan panggih nèng prajèki | têka katêmu ngalurug | mangkat saking Kuparman | sapa ingkang gawe beka lakuningsun | apa ta Si Raja Kemar | witing karya lara brangti ||
--- 1: 65 ---
12. Asmaradana
12. Putri Cina pasang gêlar
1. nimbali rêkyana patih | sapraptanirèng ngayunan | angandika sang lir sinom | bapa patih olèh warta | ing pabarisan kana | kyana patih nêmbah matur | inggih sampun campuh ing prang ||
2. kalih ari dènnya jurit | sami angabên punggawa | wong Yujana prajurite | satunggal ingkang palastra | satunggile kabănda | sabalane Jayèngsatru | sami prawira digdaya ||
3. ngandika sang rajaputri | bapa paran raganingwang | lamun awèta mangkene | kyana patih matur nêmbah | gusti kadya punapa | Wong Agung Anjayèngsatru | dene sawêg andon aprang ||
4. ewa makatên ta gusti | punapa karsa paduka | dening nguni pun Amir Jès | sampun ngaturakên watak | tatêkon Raja Arab | lamun tinêrak puniku | yêkti lamun kaputungan ||
5. lampah paduka puniki | luput pisan kêna pisan | lamun tyas tuwan gêrèntèh | bokmanawi katiwasan | sang rêtna angandika | witing mênêng awak ingsun | agawe salah graita ||
6. karsaningsun iki patih | iya gawe samudana | karya abang-abang lambe | sun gawe dora sêngara | iya sun atur surat | marang Sang Prabu Mêdayun | amidora ngamadaka ||
7. api-api sun ngunggahi | yèn uga Prabu Nusirwan |
--- 1: 66 ---
anêmêni panganggêpe | kudu ge-age panggiha | iya lan raganingwang | sun anjaluk pêjahipun | Wong Agung Surayèng Jagad ||
8. iya Menak Jayèngmurti | măngsa ta iku kalaha | sêdhêng sampurna yudane | nuli ingsun atur surat | marang Sang Kakungingrat | mratelakkên lakuningsun | awit saking mula-mula ||
9. kya patih matur wotsari | yèn makatên karsa tuwan | sumăngga gusti nah anggèr | sang rêtna sigra nênurat | dadya sinungkên duta | sarta atur pakêkintun | busana endah ing Cina ||
10. mantri kêkalih tinuding | marang jro kitha Yujana | datan antara lampahe | praptèng pakuwon Yujana | lajêng mring pakuwonnya | Patih Bêstak kang jinujug | matur duta saking Cina ||
11. lan sêratira sang putri | kang badhe katur sang nata | lawan sapakêkintune | katur Sang Prabu Nusirwan | sigra Ki Patih Bêstak | marêk ing ngarsa sang prabu | sapraptanirèng ngajêngan ||
12. ngaturakên surat saking | sang rajaputri ing Cina | sarta lawan kêkintune | busana endah ing Cina | sêrat wus tinampanan | binuka têmbunge ayun | amawongan anjuru dang ||
13. kagyat Sang Prabu Mêdayin | sumuking tyas mijil suka | hèh Bêstak kapriye kiye | iki Rajaputri Cina | prapta arsa mawongan | Patih Bêstak nêmbah matur | pukulun bêgja paduka ||
14. têngunipun kang anjawil | inggih Hyang Lata wal Ujwa | punika kang paring jodho | putri
--- 1: 67 ---
sêkti mahabara | kasub kaonang-onang | pilih boboting prang pupuh | kathah narendra kuciwa ||
15. iki patih sun wangsuli | sartane pakirim ingwang | iya kang raja kaputrèn | ing ngêndi gone ngupaya | ingsun pan ora gawa | Patih Bêstak aturipun | inggih paduka utusan ||
16. dhatêng Kuparman nagari | punika kang ragi cêlak | Mêdayin sangêt têbihe | putra tuwan sang lir rêtna | Marpinjun kang kagungan | puniku paduka pundhut | Prabu Nusirwan ngandika ||
17. ing Kuparman iya têbih | amrih ingkang pêdhak pisan | iya kang gêlis praptane | marang Kuwari nagara | bok mantu karo pisan | pasthi anggawa puniku | sira Bêstak lumakua ||
18. mring pakuwon Arab bêngi | têmua Si Kakungingrat | sun nyêlang raja kaputrèn | dèn age nuli praptaa | bok mantu karo padha | kang anèng Kuwari iku | salah siji dèn pundhuta ||
19. lah kapriye sira patih | apa rêmbug apa ora | yèn mangkono karsaningong | Patih Bêstak matur nêmbah | inggih sumanggèng karsa | lamun nyambuta pukulun | dhatêng Raja Kewusnendar ||
20. sayêkti awon kang warni | măngsa inggih nyamènana | dhapure raja kaputrèn | wangun Mêdayin lan Arab | sami punjul sajagad | inggih amba mangke dalu | dhatêng pakuwoning Arab ||
21. dutane sang rajaputri | kula kèn mantuk kewala | benjang paduka akèngkèn | dhatêng pakuwoning Cina | kya patih
--- 1: 68 ---
nêmbah mêdal | mantri duta Cina sampun | kinèn mantuk kalihira ||
22. pinaringan sangu sami | mantri kalih tigang lêksa | sarta lawan pangadêge | wus mantuk carakèng Cina | wau Ki Patih Bêstak | mangkat pukul pitu dalu | mring pakuwon Raja Arab ||
23. tanpa rowang mung kêkalih | jujug Arya Parangteja | pinanggih anèng pakuwon | gupuh wau Radèn Maktal | sinapa kinèn lênggah | dhuh paman anjanur gunung | umatur Ki Patih Bêstak ||
24. inggih anggèr wontên kardi | ingutus rama paduka | anambut raja kaputrèn | dhatêng raka jêng paduka | inggih kangjêng bêndara | Maktal angling dawêg laju | sowan dhatêng pasanggrahan ||
25. nulya lumampah wong kalih | sapraptanirèng ngayunan | ngandika Jayèngpalugon | hèh patih apa na karya | dalu panggih lan ingwang | Patih Bêstak awotsantun | ingutus rama paduka ||
26. maringkên kang salam taklim | kaping kalihe dinuta | anambut raja kaputrèn | pan inggih karsa putusan | dhatêng nagri Kuparman | têbih rama tuwan emut | yèn kang putra kalih pisan ||
27. wontên nagari Kuwari | putra Prangakik Karsinah | sinambut salah sawiyos | iya patih aja susah | apa ngêntèni sira | yèn mantumu kang lumaku | Kuwari dharat sawulan ||
28. layarane pitung bêngi | pan sadina bae prapta | lah iya matura bae | marang kangjêng panêmbahan | besuk dalu praptanya [prapta...]
--- 1: 69 ---
[...nya] | iya nuli banjur katur | Patih Bêstak nêmbah mêsat ||
29. saking ngarsanya Sang Amir | tan cinatur lampahira | mung kalih êjam praptane | lan tigang mênut punika | panggih lan Sri Nusirwan | wus katur sasolahipun | nalikanira dinuta ||
30. kunêng kang winarna malih | saungkure Patih Bêstak | Wong Agung Jayèngpalugon | animbali Umarmaya | prapta alon ngandika | kakang lumakua gupuh | marang Kuwari nagara ||
31. têmua lan yayi Dèwi | Parangakik lan Karsinah | pundhutên raja kaputrèn | ya gawanên karo pisan | besuk esuk praptaa | panêmbahan ing Mêdayun | kang nyêlang prêlu karsanya ||
32. mau Si Bêstak kang prapti | angling Arya Tasikwaja | hèh Maktal sapa bature | nauri mung loro kakang | katêlu Patih Bêstak | Umarmaya mèsêm muwus | kaanggurakên kewala ||
33. nora sira kêndhalèni | mungsuh rusuh anyênyêlang | mau yèn wêruha ingong | sun langèkakên sadhela | kono ngisor gêdhogan | sun gandhèn untune têlu | dimèn mulih gobrah-gobrah ||
34. punapa pinundhut malih | botên wontên ingkang liya | inggih mung raja kaputrèn | Wong Agung alon ngandika | kakang wus nora nana | Marmaya lèngsèr wus mêtu | gambuh sapraptaning jaba ||
--- 1: 70 ---
13. Gambuh
13. Marmaya kautus mundhut raja kaputrèn
1. anampèl wêntisipun | mumbul têlung dhêpa pêsatipun | kadya kilat Adipati Guritwêsi | cumalorot lampahipun | kadya lintang ngalih ênggon ||
2. sumiyut lir marucut | Kuwari layaran pitung dalu | tikêl pitu kalawan lampahing angin | akêbat Umarmayèku | lampahe saking pakuwon ||
3. pan ing pukul sapuluh | abêring lampah gya nampèl pupu | ing satêngah nêm esuk praptèng Kuwari | langkung ngantêp lampahipun | lajêng tumamèng kadhaton ||
4. putri kalih wus pangguh | Rêtna Sudara têtanya arum | miwah sira Rêtna Sirtupelaèli | kakang gati lampahipun | Umarmaya sigra lunggoh ||
5. pan inggih ngong ingutus | mundhut raja putrèn kalihipun | Sri Nusirwan owah-awih kang anyilih | wikana ing karsanipun | kadi-kadi lamun gatos ||
6. kinèn tulak katèngsun | sang rajaputri kalih gya mundhut | kaputrène wus kasrah Umarmayèki | winot ing kêkandhi sampun | pukul pitu amit miyos ||
7. praptaning jawi sampun | kaping tri dènnya anampèl pupu | sangsaya sru pêsate Umarmayèki | pan ingantêp mamprung-mamprung | kadya thathit cumalorot [cumalo...]
--- 1: 71 ---
[...rot] ||
8. sapraptaning wana gung | pojoking wana pan ana gunung | gunung alit ana wite nagasari | asingub ngaubi gunung | ana swara nguwoh-uwoh ||
9. angandhêg lampahipun | Umarmaya mandhêga karuhun | Sang Dipati Tasikwaja anauri | beka wong apa sirèku | angandhêg ing lakuningong ||
10. manungsa pa lêlêmbut | aja sudi gawe lakuningsun | laku gancang lagya kinongkon ing gusti | hèh mandhêga Marmayèku | ingsun tan kêna pinopo ||
11. lah mandhêga sirèku | Marmaya maras anulya wangsul | tiningalan ana jalma kaki-kaki | hèh Marmaya wruhanamu | iki masêlat kinaot ||
12. kêndhang Iskandar iku | iya ingkang arupa kêtipung | tinggalane Sultan Sèh Dilkarnaèni | kang ngadhaton ing Kistambul | ratuning jagad kapindho ||
13. kang dhingin jêng nabiku | Nabi Suleman jagad kang mêngku | pindho wali Sultan Sèh Dilkarnaèni | Raja Iskandar puniku | ratuning jagad kinaot ||
14. yaiku kêndhangipun | yèn Sultan Iskandar ambêburu | dene mêngko karamate iku maksih | ginadhuhkên ing sirèku | warisna kang bakal nganggo ||
15. wruhanira ing besuk | Sayidin Ambyah wong Menak iku | ilang pindho ana panglurugan benjing | atinggal baris wadya gung | karsaning Hyang ana nyolong ||
16. nanging tan sangsayèku | mung karya prihatining wadya gung | iki êmèh ilange atinggal [a...]
--- 1: 72 ---
[...tinggal] baris | aprang Yujana puniku | kapindhone maksih adoh ||
17. prang Purwakăndha besuk | ilange iki adêgna pungkur | iya Radèn Jayusman ibu Prangakik | sadhela adêgna ratu | kêndhang warisna ing kono ||
18. dadi panêtêpipun | prihatine besuk kang wadya gung | tanpa budi labête kelangan gusti | yèn prang kêndhange tinabuh | kabèh tyase padha wuwoh ||
19. gambira suranipun | iya sawabe kêndhang puniku | ngilangakên uwas anglêbur prihatin | ati santosa kang thukul | padha ngajap aprang popor ||
20. kêndhang Iskandar iku | mara nuli ambilên dèn gupuh | kang gumandhul anèng panging nagasari | Marmaya sigra wotsantun | kêndhang Iskandar ginayoh ||
21. winot kêkandhi sampun | kaki tuwa musna tan kadulu | Ki Dipati Marmaya eram ningali | sigra nampèl wêntisipun | sêbut lampahe sinêrot ||
22. awuwuh kêsitipun | mung sapisan dènnya nampèl pupu | rikatipun sayêkti rikat ing mangkin | Umarmaya ciptèng kalbu | sawabe si kaki dhaplok ||
23. wuwuhe rikat ingsun | saking barkahe si kaki pikun | tan kawarna lampahe Yujana prapti | pukul satêngah nêm rawuh | lajêng tumamèng pakuwon ||
24. kagyat Wong Agung dulu | sinapa sokur padha rahayu | paran ingkang padha kari nèng Kuwari | matur wilujêng sadarum | kalihipun sang lir sinom ||
--- 1: 73 ---
25. tuwin sadayanipun | garwaning kang para ratu-ratu | datan wontên pakèwêd samya basuki | raja kaputrèn wus katur | Wong Agung ngandika alon ||
26. kakang bêcike iku | sira banjura aturna gupuh | iya marang Sri Bathara Nyakrawati | yêkti lêga galihipun | Umarmaya matur alon ||
27. duk anèng ing wana gung | kêndhang Iskandar wirayatipun | katur kabèh miwiti malah mêkasi | langkung sukèng tyas Wong Agung | gya ngadêg saking ing ênggon ||
28. angangkat astanipun | sigra maos kang donga asokur | subkhanallah wabbikhakki kaomihi | Marmaya sawusnya matur | mêdal agandhèng pakuwon ||
14. Kinanthi
14. Marmaya ngaturakên raja kaputrèn
1. ing wanci pukul sapuluh | Adipati Guritwêsi | lajêng marang pasanggrahan- | ira Prabu Nyakrawati | kagyat praptane Marmaya | Nusirwan kapanggih linggih ||
2. dumrojog tan ana wêruh | praptane ngarsa narpati | sinapa na karyanira | Umarmaya angungkabi | raja kaputrèn kalihnya | Marmaya rinangkul aglis ||
3. linggiha ta putraningsun | aja doh kalawan mami | apa sira lagya prapta | dinuta saking Kuwari | mara kulup angombea | ombèn-ombèn [ombè...]
--- 1: 74 ---
[...n-ombèn] ingsun iki ||
4. iku kêrikan jumêrut | lan kêrikaning widuri | tuwin kêrikaning mirah | sun banyoni puhan sapi | watêke wèt anom kuwat | Umarmaya nginum aglis ||
5. kang raja kaputrèn katur | tinampèn Rajèng Mêdayin | dene iki rong kêmbaran | pan ingsun mung nyêlang siji | matur Radèn Umarmaya | bilih amindho gawèni ||
6. sinawang nênetranipun | Nusirwan mèsêm lingnya ris | nora sisip tangguh ingwang | raja kaputrèn sabumi | lah iya măngsa miriba | wangun Ngarab lan Mêdayin ||
7. hèh Marmaya iki ewuh | iya êndi kang prayogi | salah siji piniliha | iya kang babar pisani | ika karo mantuningwang | Bok Karsinah Parangakik ||
8. Umarmaya nêmbah matur | kang badhe tuwan paringi | ginambar pasêmonira | dêdêgipun winatawis | lêncir kalawan pidêksa | yèn alêncir sami lêncir ||
9. kadya ta priyayi luruh | ngagêm anggèn-anggèn iki | inggih priyayi bêranyak | sayêkti siyal asangling | kadi priyayi pidêksa | ngangge darbèke wong lêncir ||
10. nadyan samia gêngipun | sêdhêng tan kadi nyênyilih | mêmanise kang busana | utawi sêdhêpe sami | nanging rêspatine kirang | sinawang dangu katawis ||
11. mênggah punika pukulun | kang badhe tuwan paringi | lamun dêdêge pidêksa | putra tuwan Parangakik | Sudarawrêti pidêksa | manawi dêdêge lêncir ||
--- 1: 75 ---
12. putra tuwan Ni Rabingu | nênggih Sirtupelaèli | punika tuwan paringna | ing dêdêge anyamèni | gumujêng Prabu Nusirwan | sirèku têrlalu lêbih ||
13. têkan anggon-anggonipun | andadak sira kawruhi | hèh pothèt maluya laya | ki panggagap Guritwêsi | nya maning kulup nginuma | inumanku kang prêmati ||
14. kêrikan intên hèr laut | hèr wulan miwah hèr thathit | hèr gêni lawan hèr kêmbang | hèr wewehan lan hèr bumi | kalêbu sariraningwang | ing sadinane pangaji ||
15. pan salêksa dinar wutuh | nora kurang nora luwih | kabèh kêrikan sêsotya | sajagad kang adi-adi | iku kulup jampiningwang | lah ênya nginuma aglis ||
16. Umarmaya nulya nginum | ing gêlas kancana nunggil | agêmira Sri Nusirwan | Marmaya nampik tan kêni | pinêksa nunggil sagêlas | Umarmaya ngling ing galih ||
17. andêlna têmên si dhawuk | yèn lagi ana karyèki | maring sun angêla-êla | yèn uwis gawene benjing | si gêrang nuli anêndhang | mèt sraya akon matèni ||
18. măngsa ta wurunga besuk | tinêndhang wak ingsun iki | atine sok pêpulasan | Umarmaya sarwi nglirik | mring pawakane Nusirwan | kabèh dèn iling-ilingi ||
19. katêmu apa si dhawuk | wirasate bêcak-bêcik | dene atine sok ala | apa wirasat maknawi | êbole baya si gêrang | rajahing
--- 1: 76 ---
êbol bêlandhit ||
20. ing laire tan katêmu | kabèh wirasate bêcik | apa rajahe ing cêthak | lan ususe baya mêntrik | Nusirwan alon lingira | sira kulup sun jarwani ||
21. aja wara-wara kulup | ambuka pingitan iki | lagi ta durung karuhan | ya putri ing Cina iki | arsa juru dang maringwang | iya sapa kang sun tuding ||
22. anggambara warnanipun | ingsun kene duwe sungging | kaya ngapa warnanira | sun pasrah marang sirèki | darapon kawistaraa | kênane mola sinungging ||
23. lamun bisaa katêmu | nadyan ing pangipèn bangkit | panggambare tan saliwah | aran Sungging Mudhikmilir | kulup aja tanggung sira | sun jaluk karyamu malih ||
24. atêrna si sungging iku | anamar aja kaèksi | nya iki pawèwèh ingwang | mring sira dinar sakêthi | melik sira Umarmaya | nêmbah dinar dèn tampèni ||
25. Prabu Nusirwan lon muwus | nyawa dèn angati-ati | arupaa sira Cina | Umarmaya sigra pamit | Sungging Mêdayin binêkta | sira Sungging Mudhikmilir ||
26. mêsat saking ngarsa prabu | Adipati Guritwêsi | angangge topong wasiyat | saking Ngajêrak rinakit | sampun si mênggah manungsa | jin setan datan udani ||
27. lampahe Marmaya mamprung | sungging Mêdayin cinangking | wus praptèng pakuwon Cina | anuju sang rajaputri | têdhak saking pêpanggungan | nimbali rêkyana patih ||
28. waspada [wa...]
--- 1: 77 ---
[...spada] pandulunipun | saking ngarsa saking wuri | miwah saking kèri kanan | tuwin dêdêge wus kêni | sawusnya wangsul Marmaya | lawan sungging ing Mêdayin ||
29. praptèng ngarsane sang prabu | Adipati Guritwêsi | têtopong sampun pinêcat | kagyat Sang Rajèng Mêdayin | sigra rinangkul Marmaya | kulup dene enggal prapti ||
30. Umarmaya nêmbah matur | sampun kacihna kang warni | pun sungging sampun waspada | sri bathara ngandika ris | nuli akaryaa gambar | sandika aturing sungging ||
31. Arya Tasikwaja matur | ing dêdêg sang rajaputri | lêncir lir Putri Karsinah | Rabingu Sirtupelèli | yèn putri Tuwan Sudara- | wrêti punjul ing sabumi ||
32. ing sêdhênge dêdêgipun | pidêksanipun rêspati | putri sangisoring wiyat | rêspatine dèn dhèwèki | mung putri kalih kang babag | Muninggar Sudarawrêti ||
33. Nusirwan mênêng tumungkul | waspanira adrês mijil | angandika pêgat-pêgat | bênêr sira Marmayèki | sapatine kadangira | musna kumaraning bumi ||
34. katon têmên putraningsun | pambarêp gonês tapèki | wiwitan ginisagana | diwasa laki prajurit | nora tutug anèng donya | wus karsèng Hyang Ujwalati ||
35. mangkana wau sang prabu | ing karsa pan sampun pasthi | nimbali Raja Ubinah | Ratu Ngawu-awu Langit | ingkang kinèn anênurat | ratu carik ing Mêdayin ||
36. sêrat pamurwaning têmbung | la-êla marang sang putri [pu...]
--- 1: 78 ---
[...tri] | aksara mardu miluta | pănca indriyaning putri | ing Cina Rêtna Daninggar | tan adangu nulya dadi ||
37. anganti prayoganipun | iya kang badhe tinuding | wau Radèn Tasikwaja | samana wus kinèn mulih | raja kaputrèn satunggal | saking Putri Parangakik ||
38. wus kinèn ambêkta wangsul | mung satunggal ingkang dadi | kagungan Putri Karsinah | Rêtna Sirtupelaèli | kang badhe kangge punika | Marmaya wus pamit mulih ||
39. wau Sang Prabu Mêdayun | nimbali Rêkyana Patih | Bêstak wus praptèng ngayunan | ngandika sri narapati | patih iki kayaparan | raja kaputrèn wus olih ||
40. sapa patute tinuduh | apa bupati lan mantri | utawa lamun ratua | lan apa nora wèh uning | marang Raja Kewusnendar | Patih Bêstak awotsari ||
41. inggih sayêkti asung wruh | dhatêng kang darbe nagari | ing Yujana Kewusnendar | botên kenging botên inggih | hèh patih sira mênyanga | gawanên layange iki ||
42. kang saking sang rêtnaning rum | wus tinampan mring Apatih | Bêstak nêmbah lèngsèr mêsat | saking ngarsanya sang aji | marêk ing Rajèng Yujana | Patih Bêstak awotsari ||
43. ngaturakên suratipun | kang saking sang rajaputri | kang sêrat sampun tinampan | binuka sinukmèng galih | sadaya wus katupiksa | gumujêng sri narapati ||
44. hèh ki patih liwat untung | rama prabu ing Mêdayin | ingunggahan Putri Cina | sumbaga prawirèng [prawi...]
--- 1: 79 ---
[...rèng] jurit | sugih bala sugih donya | ing Cina putri linuwih ||
45. dadi ingsun kang mêmantu | kawogan ingkang beyani | jêr rama prabu ngumbara | pasthi kang duwe nagari | bot repote katêmpuhan | ing rèh pakartining wijil ||
Lajêng nyandhak jilid 2.
__________
--- 1: [80] ---
Isinipun
... Kaca
1. Dèwi Adaninggar kaarih-arih ing rama ibu. ... 3
2. Putri Cina badhe nginggah-inggahi Menak Jayèngmurti. ... 8
3. Badhe bidhalipun Putri Cina. ... 15
4. Menak Jayèngmurti pêrang kalihan Raja Kemar. ... 21
5. Dèwi Kisbandiyah, rayi Raja Kemar, kagarwa Menak Jayèngmurti. ... 26
6. Prabu Nusirwan anyaraya nata ing Yujana. ... 30
7. Menak Jayèngmurti nglurug dhatêng Yujana. ... 36
8. Putri Cina damêl pasanggrahan. ... 41
9. Amir Jès dipun wêdhari wêwadosipun Putri Cina. ... 47
10. Prabu Kewusnendar tampi sêrat panantang. ... 53
11. Nata ing Kăndhabumi mêngsah raja ing Sidanti. ... 59
12. Putri Cina pasang gêlar. ... 65
13. Marmaya kautus mundhut raja kaputrèn. ... 70
14. Marmaya ngaturakaên raja kaputrèn. ... 73
__________
1 | kajunjung. (kembali) |