Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 01–15)
1. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
2. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 16–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
3. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 31–48). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
4. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 49–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
5. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 68–88). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Menak No. 1
Sêrat Menak
Ăngka 1
Anyariyosakên awit Prabu Sareas, tapa dhasaripun sêgara, dumugi Menak Jayèngrana kautus bêdhah ing Sêrandil.
Mawi kasêkarakên.
Kaêcap dening Tuwan G. C. T. van Dhorêp èn Ko, ing nagari Sêmarang – Surabaya - Bandhung, taun 1922.
--- 1: [0] ---
[...]
--- 1: [1] ---
Sêrat Menak
Ăngka 1
1. Dhandhanggula
1. sanggyaning kang panganjalwèng dasih | tamaning lyan samartèng buwana | te kanang sih dasih sine | kanang rat samo sinung | boga datar ilang saari | kalaban sipat rahman | ring Hyang Maha Luhur | kalimput ing luluting sang | mawisesa tar pae tangganal alit | gêgana jroning parang ||
2. rêbutning tyas kathungka tumpèksi | kawismayèng wismayèng kanang rat | myang mangiria wusdene | satmatan osikipun | tan măntra ring tartoning dasih | lèn bawa manubawa | sung boga sawêgung | gung siniwèng pudya-pudya | sakèhing roh myang bawa ingkang gung dadi | maniwèng pudya măntra ||
3. rang kang pudya janma kang sinêlir | salir nugraha kanugrahan sang | lulut marang kalulute | lir Dananjaya laku | Ngendraloka kanang apsari | sari sarira brăngta | sama-saminipun | ingkang kalasăngka ginjal | praptèng rasa tala susila wèh rêsmi | risang maha dinuta ||
4. nayakèng rat nir sari-sarining | sabuwana nis katamèng praba | prabaning rat saèstune | dining kananging wahyu | wismaya tang nuring sabumi | kotrahning
--- 1: 4 ---
Witarêdya | don pudya mantrèng kung | Sang Hyang tumamèng buwana | tarlèn tuwuh ri kanang sêngadi wêning | mudhari ring tyas mudha ||
5. giyuh ing tyas ing diwangkarani | dining kanang kataman duhkita | nir tang wiyadi dasihe | rêrêp sirêp tang ripu | amarjayèng jaya-jayaning | bumi palèng pratiwa | pra wara nung-anung | jaya-jayèng jagad traya | sing madoma masthikaning dadi |[1] tarlèn nayakaning rat ||
6. makirtya ring Saptu jam sangenjing | kaping sapisan lèk Dulkaidah | măngsa kasonga taun Be | tar sosik sabdèng ratu |[2] angkaning kang sangkala tuwin | kagêngan jêng siwaya | Sang Sri Maha Prabu | Pakubuwana ping sapta | kang nodaka ing cili lalu mapingging | tansyèng mudya aksama ||
7. ring tyas dahat marma mananduki | pinusthi rèh sang maha wibawa | malikul Surakartane | ya bala di Matarum | dan mawugyat uluning rawi | ruwiyèng tanah Ngarab | mula-mulanipun | Ngabèi Yasadipura | wasita gêng kagêngan sri narapati | ratyambêk maharjèng rat ||
8. myang wong agung kang nodaka mugi | ngaksamaa ring mudhaning kanang | kewran basa basukine | ring tyas anung tarwilun | tar suwalèng sila ngasinggih | lir andanu kataman | sinangsayèng bayu | bajra gung candhalaning tyas | saking sotah kang nodaka kaping kalih | drês sih wilasèng papa ||
9. nêdya muhung ciptaning acili | de sinampar manggalaning praja | kaciptèng darma èstune | kayungyun ngayun-ayun | tan wus ngari antara [anta...]
--- 1: 5 ---
[...ra] ratri | sudarsa ngarsa-arsa | tula-tulanipun | agya dama kadumana | tumulada laladate kang sininggih | ring sang maha wibawa ||
10. de sang maha yasa ing wasita di |[3] yeka ta sang manggala nayaka | kalêngkane praja dene | nodakèng mitra wadu | carik dana kadanan ing sih | sihe sang awibawa | buwana marta gung | tar gumunggung ing gungira | masring ngapèn angopèni cêla cili | wuryanta mikanana ||
11. tarlèn namung wangsulaning cili | yakti tulusa pinudya-pudya | tan kasangsayèng santane | sambe-sambe tan ingkung | malar kata mana ngasinggih | paran minăngka awan | maladi boga gung | cumèlu tan wrin ing cêla | tyas madama têmahan winisudèsri | kata nanggung pustaka ||
12. linglinging tyas agung tar kalingling | katrênyuh kèsthi wèsthining angga | angkara tar têmu rèhe | nging dama tamèng têmbung | tarpèt ayu silar silaning | arda soka sumbaga | tyas tar kêna jinum | lalu amilih turida | wadakaning naya nis wiyoga mèsi | ring tyas tar paripurna ||
13. kadis makdus purwakèng ginupit | risang duta kataman duhkita | ri sêdhêng anèng purane | bunêk grahing tyas giyuh | dining kanang Bubakar Sidik | sumiwèng ngabyantara- | nira kangjêng rasul | Ngumar Ngusman Ibnu Sraya | Ngali Ngujèr Kamsah Mungawiyah Kalid | Walulid Abu Talkah ||
14. Ngabdul Rahman Ibnu Ngoplanjubir | sanggya dining kanang ing sakabat | konang-onang dibya nunge | titir mrawasèng ripu | brakate [bra...]
--- 1: 6 ---
[...kate] kang bala di kabir | tam de sakabat riya | kang munkir praja gung | sainganing bumi pala | lir basănta paguting diwangkara di | lèn te kanang tranggana ||
15. risang duta tama ngandika ring | Abubakar Ngali Ngumar Ngusman | paran măngka usadane | ngong bunêk ing tyas giyuh | yèn dadia lêjar tyas mami | nir duhkita bunêk tyas | ri kang amabakdu | bakda kama kadalika | sabda riya ngabyantara mangênjali | Bubakar dining kanang ||
16. Sayid ulun amba umatur ring | padukesya raja gadkotama | sang adi pani dasihe | mênggah abdi pukulun | sêkaring kang wuryanotami | saking bunêking driya | ing waluyanipun | miyarsa kăndha utama | risang măngka codakèng rat ngandika ris | senganta paman Ngabas ||
17. tinimbalan tan adangu prapti | sojar ta ris sri narendrotama | hèh paman Ngabas marangke | apa ta paman emut | ring solahe duk mangun jurit | kalana andon jaya | amarjayèng ripu | amunah praja dikara | paman Ambyah widigdaya jayèng jurit | tan na praja manglawan ||
18. Bagendha Bas matur mangastuti | kasinggihan gusti pan kawula | minăngka juru tulise | sapurug datan kantun | ri sêdhênge amangun jurit | tingkah kang samar-samar | kawula pukulun | kadi botên kakilapan | solah ingkang pelag-pelag gaib-gaib | ulun buki sadaya ||
19. kangjêng rasul angandika malih | iya paman sira caritaa | paman [pa...]
--- 1: 7 ---
[...man] Ambyah satingkahe | dadi usadaning kung | dimèn lêjar paman tyas mami | lah paman wiwitana | mula-mulanipun | Bagendha Bas tur pranata | inggih gusti wontên narendra linuwih | nama Prabu Sareas ||
20. nagri Mêdayin kang dipun kithani |[4] Prabu Sareas kêratonira | Abu Jantir pêpatihe | ngrèh para ratu-ratu | ngatasangin ing bawahangin | sira Prabu Sareas | nalika kapencut | miyarsa caritanira | duk alame karaton Suleman Nabi | angrèh isining jagad ||
21. angandika mring Patih Bu Jantir | kaya ngapa mêngko sun tulada | Jêng Suleman kêratone | Bu Jantir nêmbah matur | botên kenging paduka gusti | nulada Jêng Suleman | pan nabi pinunjul | nadyan Sang Lata Walujwa | botên kenging anyamia lawan Nabi | Suleman ratuning rat ||
22. angling malih Sang Rajèng Madayin | iya nora kapengin manira | ngratoni kumêlip kabèh | amung wruha katèngsun | ing basane sawiji-wiji | lawan ta aja tuwa | apa saratipun | Patih Bu Jantir tur sêmbah | saking tapa angsale kang guna sêkti | sang nata angandika ||
23. asaosa kong gêdhahe patih | pasangana rante kang apanjang | rante kancana kang gêdhe | ki patih saos sampun | samêktaning karsa narpati | sang nata angandika | arsa tapa ingsun | marang dhasare samodra | lah gilirên para ratu siji-siji | tunggua [tung...]
--- 1: 8 ---
[...gua] kang rante mas ||
24. atugura nèng pinggir pasisir | iya siji-siji aywa towang | kya patih atur sêmbahe | lan maning wêkas ingsun | ranteku yèn tan andhêdhêti | iya dèn ênêngêna | yèn andhêdhêt iku | rante nuli dèn tarika | yèn wus jangkêp tigang taun nora osik | pêsthi yèn ingsun seda ||
25. anak ingsun adêgna narpati | Si Kobatsah sênadyan timura | kya patih sandika ture | sigra sang nata sampun | umanjing ing kong gêdhah nuli | dinalit tutupira | kinunci ing luhur | ginêbyurkên ing samodra | kang kong gêdhah wus kêlêm dhasaring warih | lamine cinarita ||
26. tinuguran ratu siji-siji | sabalane gilir sabên wulan | sampun sawarsa lamine | kalawan pitung tèngsu | ana prapta wong kaki-kaki | iku Lata Walujwa | ing panjanmanipun | kang satêngah ana ngucap | sayêktine punika Jêng Nabi Khilir | nadyan silih kapira ||
27. jêr ta iku ratu mangun tèki | marma Nabi Khilir kang tumêdhak | ing samodra bubuhane | amaringakên wahyu | ing manungsa kang samya amrih | utama kaluwihan | sêgara lan gunung | Nabi Khilir kang anggawa | wus mangkana asung babakan sarya ngling | lah ta iki sang nata ||
28. babakan kayu gawanên mulih | pan wus kêna ingkang sira arah | yèn wus prapta ing purane | nuli apêmên iku | samatênge panganên nuli | babakan gya tinampan | saking jro kongipun [kong...]
--- 1: 9 ---
[...ipun] | pan wus kodrating Pangeran | astanira manjing kong toyanya kari | tan milu manjing gêdhah ||
29. nulyandhêdhêt rante kancanosik | anggraita ratu kang atêngga | sigra tinarik rantene | praptèng dharatan sampun | angadhaton sri narapati | nimbali juru masak | nama Ki Nimdau | iku wong trah Witapadya[5] | wijil nabi pawong sanak lan sang aji | kinarya juru masak ||
30. Ki Nimdau anake sawiji | priya ambêlêri wayahira | Ki Lukmanakim namane | ingandikan prapta wus | ngabyantaranira narpati | ngandika sri narendra | hèh bapa Nimdau | iki lah sira apêma | antuk ingsun duk anèng dhasar jêladri | iki rupa babakan ||
31. wus tinampan Ki Nimdau mulih | praptèng wisma sêksana ingolah | ri sampunira matênge | duk sêne Ki Nimdau | apêmira nulya binukti | maring atmajanira | Lukmanakim wau | kêlangkung pangungunira | Ki Nimdau anulya angapêm malih | nanging gandum kewala ||
32. ingkang arsa kinarya nglironi | mring kagunganira sri narendra | apêm Jawa lêlirune | apêm ginaib sampun | pinangan ing Ki Lukmanakim | mangkana wus ingolah | ingkang apêm gandum | wus matêng malêbèng pura | juru masak apêm katur ing sang aji | anulya dipun dhahar ||
33. sasampune dhahar sri bupati | pangraose kagungane lama | ingkang saking samodrane | arsa ngyêktèni [ngyê...]
--- 1: 10 ---
[...ktèni] wau | kasêktène babakan nguni | sêdyane duk martapa | muhung arsa wêruh | kang kumêlip basanira | sigra têdhak maring gèn manjangan kancil | andaka kambing kidang ||
34. praptèng kêbon gèn mênjangan kancil | atanapi kidang myang andaka | nanging tan wruh ing basane | sang nata maring sètu | bandat praba ujwala rukmi | gapura kutha gara | antera manguntur | jamirah mas suji rêtna | kwèh rêrupan kancana kinăntha sami | apraba gêbyar-gêbyar ||
35. botrawine pelag mas we wêning | palu golong gêng sakidang-kidang | wagale sagudèl-gudèl | kutuk sasênuk-sênuk | urang watang sakancil-kancil | blanak sawarak-warak | yuyu satêrwèlu | lodanya sakuda-kuda | wadêr pari abayak samêri-mêri | blutak sabanyak-banyak ||
36. lele adhangsah sauling-uling | ucêng gagang gêng sacêngkang-cêngkang | alêmu-lêmu mèlême | lêmpuk sagênuk-gênuk | tămbra bayak samêri-mêri | wêlut saula-ula | badhère ngêndhayur | pèthèk sakêpèk apêthak | uling kalung lêlangèn kalêngki-lêngki | aglar pêthar lan banyar ||
37. sêpat sasirap pating saripit | sidhat anyidhat datan akêndhat | agagah tagèh mêrgègèh | gênge sapupu-pupu | sênggaringan girang dèn giring | ing kakap mangap-mangap | kaluyu lumayu | anêrajang kotès rantas | sri narendra praptèng têpining botrawi | ulam wus pinakanan [pinaka...]
--- 1: 11 ---
[...nan] ||
38. tinilingkên dènira miyarsi | mrih ngrungua basane kang ulam | têka tan ana undhake | kaku tyase sang prabu | cipta cidra swara ing nguni | ingkang asung babakan | gantya kang cinatur | atmajane juru masak | sasampune mangan babakan ing nguni | tyas padhang ing asmara ||
2. Asmaradana
1. langkung pangunguning galih | Sri Maha Prabu Sareas | datan mindhak pangawruhe | wau ta Ki Jaka Lukman | kang anggung adodolan | lawan rare angon wêdhus | sênuk mèmrèng blêgêdaba ||
2. unta kuldi lan karêndhi | Ki Lukmanakim amisah | gêgunêman lawan banthèng | sênuk mèmrèng blêgêdaba | ingawe samya prapta | bêdhagan sami arubung | dene wruh ing basanira ||
3. kang gumêrmêt anèng bumi | wus kawruhan basanira | miwah jroning toya kabèh | kawruhan ing basanira | singa cinêluk prapta | kang manuk mibêr inguwuh | mudhun kayungyun tumingal ||
4. kadhawa podhang galathik | alap-alap ulung johan | cocak cabak gogik darès | bango blêkok menco jalak | sikat kitiran atat | manyar mêrak pêlung ulung | rangkok tèngkèk prênjak cocak ||
5. prit pêking dhandhang dhadhali | myang kuntul dêrkuku dara | bêbidho bêluk kêdhasèh | prit cowang lan baranjangan | cêciblèk cêciplukan | cêcaplak pêlatuk êngkuk | bêbondhol lawan lêlawa ||
--- 1: 12 ---
6. srigunting sêpah sulindhit | walang kadhak walang kapa | ingawe wus prapta kabèh | trênggiling lutung jêlarang | bajing kuwuk lan landhak | isine wana arubung | kagendra gajah gadaba ||
7. sadaya lir dèn undhangi | gumuruh isining wana | uling ula prapta kabèh | jêjêl rinewang gunêman | bèbèk ing ara-ara | bêlêg lir sumiwèng ratu | sinapa ing basanira ||
8. sadaya rêsêp ing galih | osiking sato mangkana | baya ta iki apane | mring Gusti Nabi Suleman | ratu-ratuning jagad | baya iki têdhakipun | dene wruh saliring basa ||
9. wewe ingawe wus prapti | setan liwat ting julalat | gandarwo pating palolo | cinawowo kang janggitan | duk jinawil anjingkat | ilu-ilu kapilayu | thongthongsot thethekan pathak ||
10. sêmut rayap jangkrik gangsir | cacing luwing lan kalabang | kalajêngking orong-orong | katunggèng kang samya prapta | kang rama ngungun mulat | cipta nugrahan sing kayu | apêm nanging tan kawêdhar ||
11. dènnya sato sadaya sih | yèn prapta saking ing wana | atembak angatêrake | dalu gilir kang ajaga | sato isining wana | kumêrsêg nèng kêbonipun | ula lanang ting sulayang ||
12. sagung gumêrmêt kumêlip | ciptane samya mangkana | baya ta iki têdhake | Jêng Gusti Nabi Suleman | arsa mangun karajan | marma gêbagan kang rawuh | ratu jin kang pitung yuta ||
13. sadaya [sa...]
--- 1: 13 ---
[...daya] sampun miyarsi | yèn ana wong wruh ing basa | saliring kumêlip kabèh | kêlawan wruh ing lêlêmbat | anarka darahira | Nabi Suleman ing dangu | amangun kêratonira ||
14. mangkana Ki Lukmanakim | ing dalu arsa mring wana | mêng-amêng ing samodrane | arsa nunggang ula lanang | lêlêmbat kang kapapag | sinapa lajêng tut pungkur | wênèh matur mring ratunya ||
15. kalamun Ki Lukmanakim | mimba mring udadinira | ratune manggihi kabèh | ratu pêri jin prayangan | êjin sagung lêlêmbat | sadaya samya umatur | manawarsa madêg nata ||
16. ngratoni salir kumêlip | lan dhêmit nêm yuta praja | ilu-ilu lan gandarwo | drubiksa lan brakasakan | kêthêk thongthong thethekan | miwah kalunthung kalinthuh | jêrngit jêjongat janggitan ||
17. jêrangkong baung suwanggi | blawong guledrah gêladrah | kiwir-kiwir silung bondhèt | kêthip kêthêk kalanadhah | pêpidhir lan dulêkan | cocoh kêthur balêkthuthur | pele-pele lodra glongkrah ||
18. mangas cêrangas têtêngis | ratune kabèh wus prapta | ngatas ing karsa ature | paduka madêga nata | Lukmanakim saurnya | ngong tan arsa madêg ratu | pan dudu turun narendra ||
19. sira sun undang mariki | mung pawong sanak kewala | lan isine donya kabèh | tan darbe cita mangkana | mila sun wruh lêlêmbat | mangan apêm purwanipun | dadya wruh wijiling basa ||
--- 1: 14 ---
3. Mijil
1. samya rêsêp ratuning kumêlip | mring Ki Lukman tumon | marga dening kawruhan basane | atêtanya sira Lukmanakim | purwanirèng nguni | ri sêdhêng tumuwuh ||
2. sumarmane kabèh sira iki | bisa nora katon | paran lawan manusa bedane | miwah sira ratuning sêsakit | sami dèn takoni | kabèh sauripun ||
3. lawan manusa wit tuwa mami | karsaning Hyang Manon | duk maksihe ing ngèlmu gaibe | durung ana bumi lawan langit | miwah aras kursi | suwung awang-uwung ||
4. ingsun parêk lawan kun maknani | gaibe Hyang Manon | dhindhing jajal wus gumêlar kabèh | lan duryating manusa klair |[6] malekat lan mami | kang ginawe sêpuh ||
5. êjin samya sinung gaib-gaib | dènira Hyang Manon | iladuni kang ginadhuhake | iladuni tapsire ngidèni | têgêse ngidèni | mungguhing Hyang Agung ||
6. dalile mungguh ingsun pribadi | andikane Manon | marma barang pangawruh sun kiye | tan lantaran malaekat mami | yèn sira arsa wrin | ing pangawruh ingsun ||
7. tulisana payo ngong tuturi | kawruh kang kinaot | miwah tămba-tămba lara kabèh | tuwin wurungakên wong ngêmasi | kabèh sinung bangkit | karsaning Hyang Agung ||
8. êjin mukmin samya dèn gadhuhi | ngèlmu kang mangkono | lajêng sampun tinulisan kabèh | dadya kitab Adam Makna nuli | mulih Lukmanakim | apanjang [a...]
--- 1: 15 ---
[...panjang] cinatur ||
9. pawong mitra sira Lukmanakim | lan jin para katong | ingkang pitung yuta kadhatone | saanane angaku ing batin | maring Lukmanakim | sumuyud sêdarum ||
10. ya ta sangsaya ing lami-lami | apanjang ing lakon | Ki Nimdau cinatur ajale | tilar anak mung Ki Lukmanakim | ginadhuh Apatih | Abu Jantir wau ||
11. sakêlangkung susah jroning galih | Lukmanakim kraos | tanpa yayah tanpa ibu dene | tan katingal pinèt suta dening | Apatih Bu Jantir | kinadang satuhu ||
12. tansah mangunêng ing tyas makingkin | kang wisma tanpa don | kongkal dan tyas galana megunge | mong srêh prapanca balisah wingit | nis praba ngranuhi | nulya na jin rawuh ||
13. Murdangkara ratuning jin mukmin | bisikaning katong | Prabu Tamimasar pituture | babo aywa abangêt prihatin | ciriking Hyang Widi | laku kang kasiku ||
14. dèn narima titahing Hyang Widi | kinarya mangkono | apa ingkang sira sêdya manèh | wus sinung wruh ingkang gaib-gaib | nikmat tanpa bukti | sêgêr tanpa nginum ||
15. awibawa datanpa aguling | bungah tanpa nganggo | sinung wêruh kang durung binadhe | narimaa apan wus pinêsthi | sinung iladuni | ngèlmuning Hyang Agung ||
16. para nabi amung Nabi Khilir | kang sinung mangkono | ngèlmu ngiladuni gadhuhane | liya saking Jêng Suleman Nabi | amung
--- 1: 16 ---
Nabi Khilir | kinarya pinunjul ||
17. wus pinêsthi dènira Hyang Widi | kinarya mangkono | saturunmu luhur darajate | sinêmbah-sêmbah ing para aji | kèdhêp sabudining | pituwaning ratu ||
18. besuk apês ngèlmu ngiladuni | karsaning Hyang Manon | lamun jagad salin sarengate | ing wuri ana nabi linuwih | kêkasih Hyang Widi | kinarya panutup ||
19. nèng Mêkah lairing nur bakabir | nabi kang kinaot | rong prakara mêngku sarengate | dhihin manusa kapindho êjin | liyane saking jin | padha dadi satru ||
20. sakănca ngong lêlêmbut prasami | kêkunthung kalinthoh | wil gandarwo didohake kabèh | sarupane tilas kănca mami | didohkên ing benjing | sagung pra lêlêmbut ||
21. amung manusa kalawan êjin | kinanthi kinaot | wus angumpul ngèlmu iki kabèh | apadene ngèlmu ngiladuni | ngumpul dadya siji | anèng kangjêng rasul ||
22. putunira ing besuk mênangi | ngêmbani lêlakon | sadurunge jêng rasul titahe | Hyang Suksma anurunkên prajurit | kakunging sabumi | prakoswa dibya nung ||
23. sapu rijal kabibu karimin | anung lêlanandon | kaonang ing sabuwana kabèh | kang minăngka maklu nur rasidin | atajul ngharipin | Ambyah namanipun ||
24. bakda kama kadalika lair | nabi kang kinaot | iya iku kang nunggal bangsane | padha jinis Banukasim [Banukasi...]
--- 1: 17 ---
[...m] sami | băngsa Kurès lair | anèng Mêkahipun ||
25. Prabu Tamimasar mituturi | nguni winiraos | Lukmanakim wus lêjar galihe | sampun musna ratune jin mukmin | ya ta Lukmanakim | apanjang cinatur ||
26. wus adadi dènnya laku tabid | kasub yèn kinaot | kinawasa langkung padhukune | sak nagara tan ana wong sakit | dèn watuki mari | sênadyan wong lampus ||
27. anggêr lamun durung dèn ulêsi | sinêntak margogok | samana kèh malekat kawêlèh | panêkare Malekat Ngijrail | yèn mundhut roh sami | kathah kang kawangsul ||
28. lan wong tuwa lamun dèn tambani | bisa mulih anom | sarana ginodhog pratikêle | yèn wus luluh ingkang kulit daging | ajur balung tuwin | anulya sinêmbur ||
29. akèh kaki-kaki nini-nini | pikun kêmpong perot | padha mulih jêjaka bêbêgèr | nini-nini mulih prawan sunthi | pelone amari | cumênthèng yèn muwus ||
30. katur marang kangjêng sri bupati | yèn bisa mangkono | Abu Jantir tinimbalan age | ngirid Lukmanakim praptèng puri | ing ngarsa sang aji | ngandika sang prabu ||
31. hèh apatih sun liwat kapengin | tuwa mulih anom | nanging datan pitaya rakite | maras ing tyas yèn banjur ngêmasi | sun arsa wruh dhingin | pasang rakitipun ||
32. gya mundhut wong ingkang dosa pati | wus praptèng kêdhaton | punang
--- 1: 18 ---
jèdhi wus sinaosake | dèn urubkên gêni wus andadi | wedang molak-malik | umob gumaludhug ||
33. wong dêdosan cinêmplungkên jèdhi | tan adangu mopol | wedang asat kadya jênang kolèh | gya sinêmbur sapisan anuli | balung kulid daging | otot balung tungtum ||
34. gatra uwong nèng sajroning jèdhi | pinindho margogok | kaping tiga bisa mêntas dhewe | gumaronjal malumpat sing jèdhi | sang nata udani | gumujêng angguguk ||
35. lawan salin awijang apêkik | tuwa mulih anom | wong satêngah tuwuh ing dadine | lagya birai sandhang anuli | dinangu sang aji | nalika malêbu ||
36. apa nora lara anèng jèdhi | duk wedange umob | atur sêmbah tan sakit ature | mung sakêdhap kagèt nuli lali | kadya wong aguling | botên mawi emut ||
37. sri bupati mèsêm lingira ris | besuk bae ingong | atiningsun mêlang-mêlang bae | nora tahan andulu wak mami | nadyan ora sakit | marasa kêlangkung ||
38. nêmbah mundur Kya Patih Bu Jantir | wus mijil wong loro | miwah Lukmanakim sapraptane | kunêng gantya winuwus sang aji | wong dêdosan maksih | anèng jro kadhatun ||
39. tansah munggyèng byantaraning aji | datan sinung adoh | datan kèndêl wau pandangune | tiniti-titi duk anèng jèdhi | ya ta sri bupati | myarsa nêmbang pangkur ||
--- 1: 19 ---
4. Pangkur
1. gantya ingkang ginupita | pra malekat panêkare Ngijrail | kang samya karyane mundhut | nyawane anak Adam | tur uninga kêlamun asring kawangsul | anèng Mêdayin nagara | wus katur lurahe sami ||
2. kumpul catur malaekat | Jabarail Mikail lan Israpil | Ngijrail samya gêgêdhug | malekat dining kanang | Jabarail ngawaki sigra tumurun | mindha wong anjaluk tămba | mring wismane Lukmanakim ||
3. praptanira uluk salam | sinauran sampun tata alinggih | Jabarail gya anêmbung | manira nêdha tămba | Lukmanakim alon dènira amuwus | ujare kitab manira | tan ana kang dèn tambani ||
4. kang alara nora ana | lah punapi nênggih kang dèn tambani | Jabarail malih muwus | hèh tabid sun atanya | ing sadina iki malekat gêgêdhug | Jabarail dining kanang | lah iya ana ing ngêndi ||
5. Lukmanakim saurira | mêngko ingsun tanya mring kitab mami | gya winiyak kitabipun | ujare kitab ingwang | Jabarail jêjagongan lawan ingsun | Jabarail lajêng ngêrbat | kitabe Ki Lukmanakim ||
6. dangu dènnya rêrêjêngan | dangu-dangu rosa Sang Jabarail | kalih duman kang karêbut | mung kari kang saduman | Jabarail wusnya ngêrbat lajêng mabur | angungun kari anggana | Sang Pandhita Lukmanakim ||
7. Jabarail têkèng wiyat |
--- 1: 20 ---
wus binucal kitab tiba sêpalih | kang sêpalih kitabipun | mring dhasaring samodra | kang sêpalih jaban langit tibanipun | tibèng nagari Ngajêrak | tinampanan Hasal Hasil ||
8. dahat ing pangungunira | myang anjêngêr pandhita Lukmanakim | sinusul tan bisa mabur | kunêng gantya kocapa | sri bupati nutugkên ing karsanipun | kyana patih tinimbalan | pribadi wus praptèng puri ||
9. ing ngarsanira sang nata | angandika hèh Patih Abu Jantir | ngong nutugkên karsaningsun | kyana patih turira | tyas kawula tan sakeca sang aprabu | Lukmanakim katiwasan | katamuan wau enjing ||
10. wontên tiyang nêdha tămba | dupi katon kitabe Lukmanakim | dhayohe lajêng angêrbut | kantun ingkang saduman | kalih duman kenging rinêbat ing tamu | tinututan tan kacandhak | pêlajênge kadya mimis ||
11. ebat kawula tumingal | pêlajênge tamune Lumanakim | langit gora gumaludhug | bantala prakampita | abusêkan dhèdhèt aru-aru umyung | păncawara pracalita | têdhuh dhêdhêt anglimputi ||
12. pukulun inggih manawa | kitabipun ingkang kenging têtami | kalêbêt masalahipun | anggêsangakên pêjah | ingkang ical mila sumêlang tyas ulun | yèn karsa paduka nata | luhung cinobaa malih ||
13. tabid badane priyăngga | yèn suwawi linêbêtkên ing jèdhi | kêlamun [kêla...]
--- 1: 21 ---
[...mun] punika saguh | anggèr sumonggèng karsa | andugèkkên sang nata karsa pukulun | sang nata nulya ngandika | lah patih tarinên dhingin ||
14. kyana patih nêmbah mêdal | tinimbalan wus prapta Lukmanakim | sigra dhinawuhan sampun | karsanira sang nata | lamun sira mêngko cinoba rumuhun | Ki Lukmanakim turira | sumonggèng karsa sang aji ||
15. nanging paduka kewala | kang nêmbura kawula anèng jèdhi | lah puniki sêmburipun | nuntumakên dandanan | kulit daging tungtum balung kulit sungsum | yèn amanjingakên nyawa | sêmbure inggih puniki ||
16. sadaya wus tinampanan | wus ingirid lumêbèng dalêm puri | prapta ngarsaning sang prabu | kyana patih tur sêmbah | sampun katur wau maring sang sinuhun | pun Lukmanakim sandika | ing sakarsa narapati ||
17. jèdhi pinasangan nulya | wedang umob lajêng Ki Lukmanakim | nyêmplung ing jèdhi wus ajur | wedang umobe asat | sampun kadya jênang kolèh dyan sinêmbur | tungtum balung kulitira | nuli sinêmbur ping kalih ||
18. margogok gya kaping tiga | sêsêmbure dèrèng osik gya malih | anjoto alênguk-lênguk | sinêmbur ping sêkawan | kaping gangsal tan osik maksih anjêtung | kadya tugu sinung karta | sêjatine wus ngêmasi ||
19. sang nata ngungun tumingal | hèh kaya pa iku rêkyana patih | wus sinirêp latunipun | ingêntas sampun [sampu...]
--- 1: 22 ---
[...n] pêjah | Maharaja Sareas kêlangkung ngungun | Ki Lukmanakim palastra | kunarpa wus dèn pênêdi ||
20. dhumatêng rêkyana patya | Lukmanakim tilar putra satunggil | Bêktijamal wastanipun | pinupu mring apatya | kinakadang kêlawan atmajanipun | samya rare pêpantaran | lawan Radèn Ekaswajir[7] ||
21. senapatine sang nata | ajêjuluk Sang Prabu Hasanarim | ing Sarwal nagarinipun | kêlangkung digdayèng prang | milanipun wiyar jajahan Mêdayun | saking prakosaning aprang | Senapati Hasanarim ||
22. duk sêmana wus pralina | sutanira sumilih senapati | Dhasthakenas namanipun | prakosa tiru bapa | iya dadya banthènge nagri Mêdayun | tan ana kang nadhahana | bobote kang para aji ||
23. Sang Aprabu Dhasthakenas | anggung ngêlar jajahane Mêdayin | Sang Dhasthakenas sêsunu | nama Radèn Rêrustam | wus mangkana cêndhake bae cinatur | Narpati Sareas seda | putrane gumantyèng aji ||
24. nama Sang Prabu Kobatsah | Kyana Patih Abu Jantir ngêmasi | suta wus gumantyèng lungguh | Eklaswajir kang nama | Senapati Dhasthakenas sampun lampus | tanaya Radèn Rêrustam | kang jumênêng senapati ||
25. sira Sang Raja Rêrustam | aprawira sudibya ing ajurit | abot sangganing prang pupuh | tan ana wani malang | kêkês para ratu kang karèh Mêdayun | tan owah parentahira [parentahi...]
--- 1: 23 ---
[...ra] | Kyana Patih Eklaswajir ||
26. Bêktijamal kinakadang | nênggih dhatêng Kya Patih Eklaswajir | wontên malih kang winuwus | nagari ing Bênggala | wontên juragan sugihira kêlangkung | animbangi para raja | sugihe Tambi Jumiril ||
27. sèwu wonge têtumbasan | yèn adagang sikêp gêgaman jurit | wong tukon jagul nêm atus | dadya awak baita | datan pisah budhak èstri kalih atus | kang rêgi sèwu satunggal | pelag-pelag mêgatruhi ||
5. Mêgatruh
1. parandene Ki Tambi Jumiril wau | tyasira langkung kapengin | mring solah bawaning ratu | sinêmbah datan nêbusi | beda anggêpe wong tukon ||
2. ingsun iki kongkon uwong yèn atuku | apa ta rasane ugi | sinêmbah ing wong sêdarum | nora nganggo anêbusi | tan lyan wong mêngku kêprabon ||
3. ingsun iki asugih kêlangkung-langkung | parandene uga maksih | andhêdhêpa raganingsun | marang kang duwe nagari | mukti turu ing kêdhaton ||
4. yèn aguling kèringan tan ana mungu | iku jênênge wong mukti | nora kaya raganingsun | lagya angêloni gundhik | gugup lawangku dhinodhog ||
5. pandhodhoge tinambuhan gora wuwus | êdir dutaning narpati | pinopo angarubiru | wantu dutane narpati | cinanthulan ana mothol ||
6. datan ana dahwèn yèn amothol [amo...]
--- 1: 24 ---
[...thol] gulu | tan kadya ragèngong iki | anggitika nuli kokum | sugih kêthèn tanpa asil | enak purba dadi katong ||
7. cinarita atapa nungsang sawindu | nulya na swara dumêling | hèh Jumiril sira iku | anjaluk dadi narpati | sira dudu trahing katong ||
8. yèn tan kotrahing Witarêdya tan antuk | tan wênang tinohan brangti | nadyan tapaa sawindu | datan kadugèn ing kapti | angèl wahyuning kêprabon ||
9. akèh ingkang sira jaluk aja ratu | apan darah ratu mêsthi | mung sawiji wahyunipun | ginênti ing trahe sami | kang tunggal waris kêprabon ||
10. dene tapanira anungsang sawindu | iya tinarimèng Widi | sinung nugraha pinunjul | nurunkên sira prajurit | sakti waskithèng pakèwoh ||
11. nanging nora awênang bawa sirèku | wênangira anèmpèli | kene ana wahyu agung | nging samêngko durung lair | sêdhênge ngadhanga kono ||
12. prajèng Mêkah bakal ana wahyu agung | wahyu iku rong prakawis | kang dhihin wahyu prang pupuh | prajurit lananging bumi | dibya wirutamèng kewoh ||
13. para ratu-ratu katitih sêdarum | tangèh ana anadhahi | abot sangganing prang pupuh | ratu sakurêbing langit | kasor ing prang awotsinom ||
14. wahyu dipaningrat kaping pindhonipun | ing samawati wal arli | pandaming buwana tutum | dadya wakiling Hyang Widi | babu prabaning kêprabon [kêpra...]
--- 1: 25 ---
[...bon] ||
15. cundakèng rat wirutamèng ama bakdu | ngupayaa jodho nuli | lan darahing Mêkah wau | nuli sira asêsiwi | jalu nging rada anggêpok ||
16. saktiman ta wêgig julig ing pakewuh | abot sêsangganing jurit | nguthakil sêmbrana bêsur | lamun dadia wong cilik | sayêktine rada bancol ||
17. katujune dadi wong agung linuhung | nglenangi sirah para ji | tan na walêr sangkêripun | nanging tan dadi nêrpati | ngêmbani prajurit kaot ||
18. myang sinêmbah maring para ratu-ratu | marga iku angluwihi | lan kabèh luhur-luhurmu | pan wus karsaning Hyang Widi | mênthêl nyalunthang mêndhosol ||
19. amathingkrak tiba warna amalênthu | muthangkus nanging patitis | aparikêna panuju | abêsur tan ngabosêni | sinungan waris mangkono ||
20. tapanira luwarên mudhuna gupuh | saking wukir Endragiri | kagyat Ki Jumiril wungu | mituhyèng swara anuli | Jumiril sigra malorod ||
21. mudhun saking wukir mring Bênggala mantuk | sapraptanira ing panti | dunyane dèn awur-awur | gêdhong kabèh dèn bubrahi | isine dèn obrot-obrot ||
22. mung pinanci kang badhe kinarya sangu | dènirarsa munggah kaji | pan namung brana saprau | satêlase dunya nuli | sakarine wus dèn êmot ||
23. wong têtukon wus dèn luwari sêdarum | wus samya mardika sami | lajêng numpak ing pêrau | datan tolih
--- 1: 26 ---
cipta rabi | mancal layar ngidul ngulon ||
24. nèng pêrau Jumiril turu pitêkur | duk lagya lês nuli ngimpi | katon jara saking luhur | bun-êbunan dèn tancêbi | butul nêrus maring githok ||
25. jara iku arupa kancana murub | nancêb êmbune Jumiril | sêksana kagèt anjumbul | gya takon rowanging guling | sira mau ana katon ||
26. kang tinanya rowange guling sumaur | kawula botên ningali | Jumiril kêlangkung ngungun | baitanira maripit | Jumiril mampir ing pulo ||
27. pulo Kadam Maldewa ana pilungguh | nama Ki Sèh Kanjulmukin | Jumiril marak umatur | ngaturkên supêna nguni | tinutur kabèh kang katon ||
28. Sang Pandhita Kanjulmukin ngandika rum | supênanta iku bêcik | iyèku tibaning wahyu | nurunkên sira ing benjing | prajurit wirotamèng don ||
29. widigdaya sudibya măndraguna nung | rêrêp ripu soring langit | ngisèni yuwananipun | sinêmbah ing para aji | narendra gung-agung kasor ||
30. nanging ana kang dèn êmong atmajamu | dadi manggalane bumi | kulisaning jagad punjul | ing pêpêrang pamugari | ana wahyu gung mèh dhawoh ||
31. angulona akrama sira besuk |[8] lawan darah Banukasim | kang badhe katiban wahyu | tan lyan darah Banukasim | Jumiril tyase cumêplong ||
32. lajêng pamit Jumiril angaras [angara...]
--- 1: 27 ---
[...s] suku | mring Pandhita Kanjulmukin | nitih palwa ambabar wus | layar marutane tarik | timur daya kang angrojong ||
33. lampah kêras palwanira enggal rawuh | muara ing muka gisik | labuh jangkar mêntas gupuh | marang ing Arab nagari | lêstari lampahira lon ||
34. uwongira ginawa mung kalih atus | adana samargi-margi | tan angeman dunya agung | singa dhukuh dèn ampiri | sinung pirang-pirang kanthong ||
35. prajèng Mêkah ing mangke gantya winuwus | ingkang jumênêng dipati | Bagendha Hasim puniku | têdhake Nabi Ismangil | lampah budi darma kaot ||
36. Ngabdul Manap kewala wiwit tinutur | yèku trah Nabi Ibrahim | Sang Ngabdul Manap puniku | apêputra miyos dhampit | adu gigir lanang karo ||
37. têngah gigir pinêdhang ing ramanipun | dadya pisah rare kalih | kang satunggil ragi wungkuk | andêngkèng ingkang satunggil | lampahipun megod-megod ||
38. kang andêngkèng Umiyar kêkasihipun | kang awungkuk nama Hasim | dene Umiyar trahipun | Abu Jahal trahe sami | durakèng marang Hyang Manon ||
39. Bagendha Sim anênggih ing turunipun | sadayane mulya suci | nglakoni duta nèng ngriku | dene trah Bagendha Hasim | suci mulya sabêndhoyot ||
40. trah Umiyar sukêr sabêndhoyotipun | wau ta Bagendha Hasim | kabupatène kang sampun | kocap ing Mêkah nagari [na...]
--- 1: 28 ---
[...gari] | lampah budi darma kaot ||
41. lawan malih dènira kêkadang runtut | mangkana Bagendha Hasim | wus kêkalih putranipun | katri kang sêpuh pawèstri | kêkalih jalu putranom ||
6. Sinom
1. anama Siti Mahiya | putranya pêmbayun èstri | putranira jalu nama | Alib lan Ngabdul Mutalib | apêkik-pêkik sami | Radèn Alib ingkang sêpuh | dene ingkang taruna | Rahadèn Ngabdul Mutalib | kunêng gantya mangke ingkang kawuwusa ||
2. ki juragan lampahira | wus praptèng Mêkah nagari | agung dana nyêbar arta | maring pawong mitra sami | lawan kang para mantri | sadaya samya sih lulut | arêsêp pawong mitra | lami-lami Ki Jumiril | nulya katur suwita ki adipatya ||
3. kêlangkung amade karya | maring ing sang adipati | dènira mrih kasatmata | pêthêl tur noragan dasih | ton karyane sumarmi | Bagendha Sim asih lulut | Jumiril tinariman | putra kang sêpuh pribadi | Siti Mahya atut dènnya palakrama ||
4. sampun nunggil para putra | anama Radèn Jumiril | wau ta sang adipatya | Bagendha Sim sampun lalis | dene ingkang gumanti | ing rama kang sampun surud | putra ingkang taruna | Rahadèn Ngabdul Mutalib | kang jumênêng ing Mêkah sang adipatya ||
5. kang dadya pêpatihira | Rahadèn Tambi Jumiril | Radèn Alib ingkang raka | tan arsa madêg dipati | mandhita tyas mahêning | sinatriya [sinatri...]
--- 1: 29 ---
[...ya] maha wiku | suyud kang pra sêntana | mring Arya Ngabdul Mutalib | nora dene prakosa ing budinira ||
6. tuwin ing prawiranira | kinarya Ngabdul Mutalib | dènnyandhap alus budinya | asih marma maring dasih | tuwin pra kadang sami | sadaya samya sih lulut | nagari kering kanan | kang padha jênêng bupati | samya kering lulut maring nagri Mêkah ||
7. mulya kabupatènira | Ki Arya Ngabdul Mutalib | kunêng gantya kawuwusa | nagari Mêdayin malih | saking gung kang prajurit | Prabu Kobatsah pinunjul | suyud kang para raja | dibyaning kang senapati | pangêlaring jajahan Prabu Rêrustam ||
8. sampun pêputra sajuga | Raja Rêrustam prajurit | nama Radèn Ibruskara | timur widigdayèng jurit | kang rama wus ngêmasi | Sang Raja Rêrustam wau | kang putra Ibruskara | kang gumantya senapati | wus kinarya nama Prabu Ibruskara ||
9. sang nata lagya pêputra | pêmbayunira pawèstri | anama Dèwi Banusah | alami longkang sang aji | dènira tan sêsiwi | putrèntri[9] diwasa sampun | tinarimakkên sira | marang sang prabu ing Bangid | kang anama sira Sang Prabu Nursibah ||
10. mangkana kang winurcita | Kyana Patih Eklaswajir | tulus dènnya amêmitra | lan Bêktijamal wus kadi | kadang-kadang sayêkti | samya palakrama sampun | sira Ki Bêktijamal | wus sinung wisma pribadi | nanging datan apêgat paran-pinaran ||
--- 1: 30 ---
11. kalihira wus sadriya | singa ingkang nora prapti | kalihira mêlang-mêlang | têmah gantya andhatêngi | gêng sih sudara wèdi | kadya tunggil yayah ibu | kitab tilaring rama | Sang Pandhita Lukmanakim | gantya-gantya winaca ing kalihira ||
12. kêlangkung mukti wibawa | Kyana Patih Eklaswajir | nalika saking sewaka | anèng wismanira mampir | prapta sawadya ngiring | Kya Bêktijamal rumuhun | mêthuk maring apatya | samya onêngira kalih | sawusira atata dènira lênggah ||
13. sinugata dhêdhaharan | tan măntra gêdhe lan cilik | rêsêpira ing sudara | sasampunira abukti | samya ngiling-ilingi | kitab Kadam Makna luhung | kya patih kang ambuka | katuju bab amarêngi | Bêktijamal mèh praptèng antakanira ||
14. sawusira miyak kitab | kumêmbêng Kya Eklaswajir | nangkêb kitab nênggak waspa | Ki Bêktijamal udani | solahe kyana patih | alon dènira umatur | kakang mila paduka | sasampune miyak tulis | nênggak waspa punapa marma sungkawa ||
15. alon dènira ngandika | Kyana Patih Eklaswajir | yayi baya kalanira | iki têka mèh ngêmasi | kari kawan dasa ri | dadya ingsun nora tutug | duwe sudarèng sira | dene sira mèh ngêmasi | Bêktijamal alon ing pamuwusira ||
16. inggih kakang dasa-dasa | yèn karsane Hyang Kang Luwih | măngsa kenginga cinêgah | angling Patih
--- 1: 31 ---
Eklaswajir | yayi sun paekani | lamun pêkênira pêthuk | lah yayi ngaluwata | lamine kawan dasa ri | anênêdha kalamun kêna tinulak ||
17. Bêktijamal aturira | kawula sumanggèng kapti | sakarsa paduka kakang | kawula darmi nglampahi | Kya Patih Eklaswajir | ngatag karya luwang sampun | dadya pinaripurna | tinutup wêsi kinunci | wus prayoga rêspati punang kaluwat ||
18. nulya kang rayi ingatag | Bêktijamal kinon manjing | gya kinunci saking jaba | lajêng mantuk kyana patih | dinane dèn itungi | panjinge kaluwat wau | wus praptèng dalêmira | Kyana Patih Eklaswajir | tan kawarna laminira nèng kaluwat ||
19. prapta kawan dasa dina | rinêksa saking ing jawi | jangkêp mung kari sadina | sawêngi sampurna nuli | Kya Patih Eklaswajir | langkung mêgêng onêngipun | lamine dèrèng pisah | jangkêp ing kawan dasa ri | kyana patih lumampah tan mawi bala ||
20. sapraptanira apatya | ing kaluwate kang kari | asru nguwuh saking jaba | lah yayi mêtua aglis | wus jangkêp ing ubanggi | kari sadinèki muhung | apa baya sampurna | ing baya kalanta yayi | lah ta mara mêtua ngong sêlak brăngta ||
7. Asmaradana
1. lah yayi mung kari kêdhik | pan iki mèh waktu Asar | yèn sidaa antakane | duk anèng jroning kaluwat | pêsthi wus kalampahan | baya ta antuk pitulung | pratăndha
--- 1: 32 ---
kêna tinulak ||
2. Bêktijamal anauri | kakang mung kari sadina | sampun tanggung kangelane | ing benjang enjang kewala | enjing kawula mêdal | anglêrêsi tibanipun | jangkêp kawan dasa dina ||
3. muwus malih kyana patih | yayi aja walangdriya | ingsun wêtara wus êntèk | ing baya antakanira | lah yayi wus mêtua | kunci wus sinorog sampun | mring apatih saking jaba ||
4. Bêktijamal lajêng mijil | cundhuk sigra rêrangkulan | kêlangkung sami onênge | lajêng akêkanthèn asta | kyana patih ngandika | yêmna awakmu rumuhun | payo angangin-angina ||
5. nora kanginan wus lami | sêksana kêkaring samya | kêkanthèn asta wong roro | sêgêr sarira kanginan | ngidid maruta mănda | Ki Bêktijamal amuwus | lamun arsa atêtoya ||
6. paduka kèndêl nèng ngriki | kawula arsa têtoya | kya patih kèndêl lampahe | Bêktijamal gya têtoya | têbihe rong pamanah | sawusnya têtoya wau | sira Bêktijamal sigra ||
7. mingkêd sing gène tan têbih | sêksana anyukil bata | karsane ginawe pèpèr | bata punika kalingan | ing sukêt kalamênta | cinukil growong kadulu | bolong ngaluwêng awiyar ||
8. Bêktijamal pèpèr nuli | wus mangkana ciptanira | arsa wruh ing wêkasane | siti kang growong punika | piniyak wus katingal |
--- 1: 33 ---
ana lawang maksih tutup | aciri surat pratăndha ||
9. gya pinirsa ponang tulis | punika simpênanira | dunya Karun kang aduwe | kèhe datanpa wilangan | êmas rêtna sakirna | kang aciri dunya Karun | tutupe lajêng binuka ||
10. Bêktijamal sarêng uning | anjêngêr tan bisa ngucap | dunya kêlangkung kathahe | datan kêna winêtara | dunya awarna-warna | êmas pirang-pirang tumpuk | ngundhung-undhung ambêranang ||
11. kang sêsotya warni-warni | pira-pira dhêdhapukan | miwah intên lan widure | jumêrut nila pêkaja | miwah rêtna cêpaka | hèr kêmbang dadya satumpuk | hèr gêni dadya sapăntha ||
12. hèr laut miwah hèr api | punika dadya rong păntha | angundhung-undhung êmase | ênêm yuta dhacin ana | wêtara luwih dunya | Ki Bêktijamal angungun | mêndêm mulat kèhing dunya ||
13. tutur carita mangsuli | duk alame Nabi Musa | Karun puniku ipene | duk kêraton Nabi Musa | winuruk karya êmas | mring Nabi Musa angguru | Karun bisa gawe êmas ||
14. sela padhas miwah siti | balêthok ginawe êmas | iku Karun pênggawene | mila mas kabèh sadunya | kang anèng jroning lêmah | dadya ciri dunya Karun | mangkana Ki Bêktijamal ||
15. mulat dunya lingira ris | dunya iki sun alapa | karam tan ana kang duwe | yèn sun ênêngêna têmah | siya-siya mring dunya | dene [de...]
--- 1: 34 ---
[...ne] ingsun wus andulu | wênang uga ngrawatana ||
16. nging utamane manawi | têdhake Karun anaa | iku prayoga kang darbe | èngêt sira Bêktijamal | ingkang bisa ngupaya | pantês maring têdhakipun | jaba kakang kyana patya ||
17. Bêktijamal wangsul aglis | mring ênggone ingkang raka | kya patih alon dêlinge | yayi dene suwe sira | umatur Bêktijamal | kakang paduka pukulun | paran kawasa ngupaya ||
18. têdhake Karun ing nguni | bagya bangkit ngupayaa | kyana patih andikane | lah pêsthi ingsun kawasa | nadyan samêngko ana | ing Ngoban Sang Raja Karun | pan dadya kănca manira ||
19. Bêktijamal matur malih | punapa inggih punika | têdhak Karun caritane | kang asugih rajabrana | kya patih angandika | dudu yayi Karun iku | kang anèng nagara Ngoban ||
20. pan Karun ing Banisrail | kang asugih rajabrana | jaman iku caritane | kang bisa anggawe êmas | dadya si mangkonoa | ingsun kaduga angluru | Karun têdhak-têdhakira ||
21. lah apa wadine yayi | pagene sira atanya | maring Karun ing têdhake | lamun maksih dadya patya | yayi măngsa luputa | ngong ngupaya têdhak Karun | balik apa karêpira ||
22. kang rayi umatur aris | kakang kula duk têtoya | dupi sampun nyukil babon | sitinya lajêng garowah | wontên simpênan dunya |
--- 1: 35 ---
ciri muni dunya Karun | kathahe tanpa wilangan ||
23. kyana patih muwus malih | payo yayi tuduhêna | nulya lumampah wong roro | praptèng goning rajabrana | kya patih duk tumingal | anjêtung amungur-mungur | ngungun cipta jroning nala ||
24. liwat gunge dunya iki | salami ngong durung mulat | dunya samene kathahe | kya patih sèdhèng tyasira | ilang sihing sudara | mangkana panarkanipun | yèn yayi maksih uripa ||
25. boya tutug awak mami | unggyaning sun mangan dunya | amêsthi enggal lamine | kawarta katur sang nata | rêkyana patih sigra | nyandhak ngulêng rambutipun | Bêktijamal wus sinêndhal ||
26. tiba kalumah nulya glis | tinunggangan mring apatya | Ki Bêktijamal wuwuse | dhuh kakang badan kawula | arsa kinapakêna | kya patih wuwusira sru | arsa sun patèni sira ||
27. Bêktijamal matur aris | pagene kakang mangkana | kya patih asru wuwuse | kalamun sira uripa | boya tutug manira | mukti mangan dunya iku | pêsthi sira awêwarta ||
28. Bêktijamal mêlasasih | ingsun kakang dêmi Allah | yèn tutur-tutura têmbe | sakèhe panggawenira | măngsa ingsun coraha | rêkyana patih ambêkuh | sarya anarik jambiya ||
29. Bêktijamal muwus aris | lah kakang sakarsanira | wus pêsthine raganingong | nanging kakang wêkas ingwang | rayinta kang nèng wisma | manawa
--- 1: 36 ---
tanya maring sun | andika warah yèn lunga ||
30. malimi nèng tasik wêdhi | lan malih punika wawrat | yèn lair jabang bayine | kakang lamun mêdal priya | benjang dèn aranana | kae Jaka Betaljêmur | sakarsane yèn wanodya ||
31. kalih paduka sukani | arta sakêthi kewala | sampun têlas wêwêlinge | kinatga gulune sigra | ginorok wus palastra | ki patih suka ing kalbu | kunarpa sampun pinêtak ||
32. lajêng kasaput ing wêngi | kyana patih cinarita | gya mulih ngundang balane | wangsul maring gèning dunya | pêsagi cinêkêlan | kinarya kêbonanipun | balane anambutkarya ||
33. ewon tiyang nambutkardi | rakite kinăntha-kăntha | rinakit kinêbon-kêbon | wadya gung sadina-dina | kang samya nambutkarya | pinasangan gêdhong satus | sakiwa têngêning dunya ||
34. ing têngah sumur gumuling | kinulah rineka taman | binotrawi saubênge | pinarikan kêmbang-kêmbang | sadaya têtuwuhan | ênggoning taman puniku | agêlar mindha sarkara ||
8. Dhandhanggula
1. wontên kali kalingan wanadri | winêtara lêlakon sadina | binêndung anjog toyane | maring kêbon puniku | lampah gajih kang nambutkardi | milanya enggal rupa | agêng ilènipun | angubêngi gêdhongira | gêdhong siji-siji ingubêngan kali | kali lapis têmbaga ||
2. gêdhong siji ingubêngan kali |
--- 1: 37 ---
karya gêdhong satus sadayanya | anyatus cêngkal panjange | parunggu pagêripun | sirapira têmbaga sami | dunyanira sadaya | inginggahkên sampun | gêdhong satus kêbak dunya | sakarine maksih rinêksèng jro bumi | linepa ing têmbaga ||
3. cara guwa ginapura rukmi | sampun têpung pagêr buminira | ingkang kinojor rakite | sakawan pintu agung | pagêr bata kandêl tur inggil | pêpucak nagaraja | mutyara sagênuk | kapraban ing diwangkara | gêbyar-gêbyar lir baskara tibèng siti | sinăngga ing gapura ||
4. manti antya taman angênani | rêngganing kang ujwala kancana | busana endah warnane | sinawur sêsotya gung | binacingah banon botrawi | kancana sinuwasa | sasalimpêtipun | salaka rinaja wêdhar | rênyêp-rênyêp lir tranggana pinarigi | tirahira sêsotya ||
5. wadyanira rêkyana apatih | ing sadina-dina nambutkarya | wiwit enjing praptèng sore | taman rinaja tatur | kang jamirah awarni-warni | rinukmi sinuwasa | ing rêtna bra murub | gêdhah wilis wungu jênar | binapang rinèjèng-rèjèng ing mas adi | pinantèk ing sêsotya ||
6. gêdhah seta binacingah wilis | ing suwasa têtirahnya rêtna | irim-irim widurine | asrang prabanya tarung | samya mèsi puspita mlingi | gapura kuthagara | antera manguntur | naga raja pêpulêtan | bukasrine mêmundrine kang hèr gêni | lan [la...]
--- 1: 38 ---
[...n] tutug naga praba ||
7. munggyèng karna mutyara gêng ngapit | kagendra gêng mangap sinukanan | mirah sakêpêl gêdhene | ujwala kadya daru | anêlahi ing tamansari | srawungan rêbut praba | lan jêmbangan mancur | gêbyar-gêbyar kang sêsotya | tinon kadya teja wangkara sêsiring | bêburon jroning taman ||
8. mindha rare bajang mas aparik | samya năngga lêlancang kêncana | kadi alanglang karyane | ngimbangi kêmbang runtuh | kang sawênèh kadya nyirami | rare bajang kêncana | samya ngindhit êjun | kalênthinge samya êmas | kang rare mas ana kadya anyaponi | sapunira kancana ||
9. rare bajang kang sinotya sami | ing mutyara mirah lawan rêtna | mila yèn dalu gêbyare | lir lintang sèwu runtuh | pêtêngirèng ratri kalindhih | sumilak jroning taman | abra ting pêlancur | sangkêp sanggyaning kumala | têtuwuhan ing alam donya marnani | tanapi jêjanganan ||
10. godhong gêdhang anêndhêng gumadhing | wit kadhongdhong ingencokan dhandhang | sandhinge gêdhong angèdhèng | ngadhang-ngadhang tinundhung | ajêjodhon kadhawa rukmi | cangak mencok ing êpang | menco nèng kapundhung | othe-othene kinăntha | kang sundarèn munyèng pucak gapura di | sêdhêng bayu micondhang ||
11. pêpinggiring gêdhong tiris gadhing | sinêlanan ing kuwèni năngka | jêruk jirak jambu jambe | dhuwêt dhuku lan mundhu | dodol [do...]
--- 1: 39 ---
[...dol] têngah santog lan gadhik | kokosan lan kawista | srikaya nèng ngayun | jajar lawan witing jêram | poh ambawang nurut lalehan ngubêngi | langên yèn tiningalan ||
12. salamine rêkyana apatih | datan kondur dhatêng dalêmira | makuwon nèng taman bae | saputra garwanipun | binoyongan maring wêdari | makuwon nèng gêdhong mas | langkung muktinipun | gung warnine rajabrana | warna-warna rêtna sêsotya mênuhi | mawèh asmarèng driya ||
9. Asmaradana
1. Kyana Patih Eklaswajir | wus lami anèng ngujana | sêmana èngêt wêlinge | kang wus lena Bêktijamal | anulya linampahan | mèt reyal sakêthi sampun | sinungkên mring garwanira ||
2. kang arta wus dèn tampani | mring garwane Bêktijamal | lan winarah wêwêlinge | ingkang raka kesahira | malimi mring sêgara | wêdhi karyane yèn sampun | alami ing benjang prapta ||
3. kagyat magiyuh miyarsi | dene lami badhenira | nanging kêdhik lêga tyase | dènira nampani arta | sakêthi saking patya | kyana patih lajêng kondur | mantuk marang ing ngujana ||
4. kunêng patih kang winarni | ya ta malih winursita | Ki Bêktijamal garwane | dènnya wawrat wus ambabar | miyos jalu tur pelag | pêkik cahyane sumunu | ibune kêlangkung suka ||
5. dènira mulat ing siwi | abagus lan mawi cahya | dèn pituhu wêwêlinge | dènnya [dè...]
--- 1: 40 ---
[...nnya] ngarani kang rama | rare wus ingaranan | kae Jaka Betaljêmur | kalis mring barang lêlara ||
6. sangsaya ngalami-lami | praptèng yuswa pitung warsa | lir dinus ing banyu gege | kalawun-lawun gêngira | ibu marma sungkawa | angajêng-ajêng kêlangkung | ing praptanira kang raka ||
7. ingkang kesah amalimi | mring sêgara wêdhi măngka | sampun alami kesahe | dene nora nana prapta | tan wêruh ramanira | baya wruha ramanipun | putrane priya diwasa ||
8. bagus cahyane nêlahi | asawang kuwunge teja | ki dalêm pira lawase | têka nora nana prapta | baya nora supêna | kalamun putrane jalu | abagus sampun diwasa ||
9. saya sru kaciptèng galih | magiyuh putêkirèng tyas | têka apêtêng driyane | kêlangkung wiyadi ngarang | suta gung takèn bapa | sintên ta sudarma ulun | kang ibu èmêng tyasira ||
10. sinauran basa ririh | sarya ngrangkul ingkang putra | kulup aja sira takon | ramanira lagi lunga | malimi mring sêgara | wêdhi iya benjang rawuh | lan akèh lèh-olèhira ||
11. anggung wagugên ing galih | magiyuh goyang tyasira | mulat saya gêng putrane | lakine nora na prapta | tan kêna ingantosan | kasusu takèning sunu | tan ana nitih mulanga ||
12. kang ibu èngêt ing nguni | kang raka darbe sudara | Pandhita Nukman wastane | yèku pantês amulanga | maring ing kasujanan | lah kulup milua mring
--- 1: 41 ---
sun | payo marak sang pandhita ||
13. gya mêsat putra tut wuri | prapta wismaning pandhita | pinasrahakên putrane | Pandhita Nukman ngandika | iki sutane sapa | kang ibu alon umatur | putranipun Bêktijamal ||
14. Pandhita Nukam lingnya ris | iya sêdhêng ana ingwang | ngajia kasujanane | aywa yayi pindho karya | mungguh ing sutanira | patut pun kakang katêmpuh | pae si adhi anaa ||
15. sutamu tilarên yayi | dimène wor rare kathah | kang ibu lajêng lumèngsèr | Ki Betaljêmur sêmana | wus amor rare kathah | ngaji gathekan kêlangkung | beda lawan rare kathah ||
16. langkung gathekan pribadi | tur limpat pasanging weka | tata krama graitane | ngungun Sang Pandhita Nukman | singa winulangêna | tan alami nulya putus | saengga rare kajiman ||
17. ngrasa wus nandhês kang ngèlmi | tan ana winulangêna | Ki Nukman èngêt ing tyase | yèn kitabe Bêktijamal | dhihin duk maksih gêsang | sinambut dèrèng jinaluk | aran Kitab Kadam Makna ||
18. pandhita Nukman lingya ris | kulup iki ana kitab | ramanira kang aduwe | unggyan ngong nyilih ramanta | wajib sira ajia | lan wajib iki duwèkmu | Betaljêmur langkung suka ||
19. tinampan lajêng ingaji | rina wêngi tan kêna sah | sampun jinajahan kabèh | surasaning Kadam Makna | sru kagyat dening ana | muni jroning kitabipun | yèn ingkang [ing...]
--- 1: 42 ---
[...kang] rama palastra ||
20. cinidra sedane nguni | ingulêng lajêng kinatga | Betaljêmur ngungun tyase | miyarsa ungêling kitab | rasane jroning kitab | duk sedane ramanipun | têmah anahên sungkawa ||
21. Betaljêmur matur aris | punikamba wus kaduga | mring Kadam Makna artine | nanging dèrèng pati paham | lamun kenging punika | kawula bêkta pukulun | kula lêlantèh ing wisma ||
22. Pandhita Nukman ling aris | lah iya sakarsanira | aran duwèkira dhewe | Betaljêmur nêmbah mentar | saking ngarsèng pandhita | prapta gya tanya mring ibu | dhuh ibu kula têtanya ||
23. wontên nama Eklaswajir | ibu aris saurira | hèh kulup pagene takon | ana aran kang mangkana | tur patihe sang nata | dhihin pawong sanakipun | matêng lawan ramanira ||
24. tur kadang angkat tunggal sih | kêlawan sudarmanira | tan ana raos-rumaos | apa lire karêpira | kulup sira tutura | kang putra alon umatur | ibu têtanya kelawa ||
25. sangsaya alami-lami | arta sakêthi wus têlas | kang ibu lon wêcanane | kulup paran karêpira | arta sakêthi têlas | lah apa ginawe tuku | dêstun mung kari sadina ||
26. tan susah sadina iki | besuk esuk êmbènira | lah kadiparan polahe | tan ana ginawe blănja | kulup pinangan apa | kang putra alon umatur | ibu sampun [sampu...]
--- 1: 43 ---
[...n] walangdriya ||
27. yèn kawula maksih urip | kados botên katowangan | sêmana praptèng dinane | kang ibu lon dêlingira | dhuh kulup kaya ngapa | apa ta ginawe tuku | mangke ibu kula kesah ||
28. sadhatênging warung nuli | anjujug wong adol sêga | asru dènira miraos | bibi ngong anjaluk sêga | dèn age wènèhana | kèhe pangaji sapuluh | kèthèng kang adol sru mojar ||
29. lah ta picisira êndi | pagene anjaluk sêga | apan ingsun êdol kiye | Ki Betaljêmur lingira | têmên tan awèh sira | sun tuturkên sira tamtu | iku dudu bêrasira ||
30. ingkang kagungan sang aji | sira colong sabên dina | enak lan juru gêdhonge | kang adol sêga anjola | bagus sira mênênga | ingsun awèh sabên esuk | sêga sêlawasaneya ||
31. ingsun pajêg sabên enjing | bagus sira pasthèkêna | pangaji rong puluh kèthèng | sêkul sampun tinampanan | gya mring wong adol ulam | sami dhasar daging wêdhus | bibi ngong anjaluk iwak ||
32. awèha sira pangaji | rong puluh kèthèng kewala | kang adol iwak anjêngèk | lah ta êndi dhuwitira | Betaljêmur sru mojar | têmên tan awèh sirèku | sun tuturkên măngka sira ||
33. iku kagungan sang aji | sira colong sambên dina | arêmbug lawan pangone | kagyat ingkang
--- 1: 44 ---
adol ulam | thole sira mênênga | aja sira tutur-tutur | ingsun pajêg sabên dina ||
34. aja susah nganggo picis | pêsthèkêna sabên dina | pangaji rong puluh kèthèng | iwak sampun tinampanan | lajêng mantuk ki jaka | ambêkta ulam lan sêkul | kang ibu asru karuna ||
35. kayitnan marang ing laki | kang ibu alon lingira | ngêndi olèhira kuwe | kang putra lon saurira | angsal kula ing pasar | adhuh babo putraningsun | baya ta nora nyupêna ||
36. kang maring sêgara wêdhi | yèn putrane wus diwasa | lan antuka sujanane | manira ing sabên enjang | pêsthi tan olah-olah | sangsaya lami kang ibu | arsa bukti jêjanganan ||
37. kulup aku bosên daging | arêp mangan kêkuluban | tukua marang kêbone | Patih Eklaswajir ana | akathah wong kêpara | juru kêbon sabên esuk | padha adol kêkuluban ||
38. kang putra lumampah aglis | anjujug ing pakêbonan | prapta andhodhog korine | juru kêbon lajêng mêdal | sarta mêngani lawang | kagyat duk sira andulu | maring cahyane kang prapta ||
39. tanya sira rare ngêndi | lawan apa karêpira | Betaljêmur lon wuwuse | sun arsa tuku janganan | juru kêbon lingira | aja tuku sira bagus | mêngko sun wèhi kewala ||
40. juru kêbon lajêng ngambil | janganan ing pinggir bata | Jaka [Ja...]
--- 1: 45 ---
[...ka] Betaljêmur anom | yèn ana wêdhus cinancang | sêksana inguculan | wêdhuse banjur lumayu | amangani têtanduran ||
41. ki juru kêbon ningali | wêdhuse ucul cinandhak | tumuli cinancang manèh | saungkure kang anancang | anulya inguculan | maring Jaka Betaljêmur | wêdhuse sigra lumajar ||
42. juru kêbon aningali | wêdhuse mangan tanduran | si kêparat ucul manèh | iki wêdhus kênèng sibat | lajêng malih cinancang | juru kêbon lagi mungkur | wêdhus nulya inguculan ||
43. gya mangan tanduran malih | juru kêbon kagyat mulat | yèn wêdhuse ucul manèh | bramantyanira kalintang | lajêng anyandhak bata | wêdhuse sigra binêntur | kêna êndhase dyan pêjah ||
44. Betaljêmur gya marani | sarwi mèsêm wuwusira | mring ênggène juru kêbon | sirèku ambêntur menda | palastra kapisanan | mati siji kang kadulu | sêjatinira têtiga ||
45. ki juru kêbon nauri | apa têmên ujarira | apan manira maido | aran siji kang sun balang | pêsthi siji kang pêjah | sira ngarani têtêlu | kang mati liwat dupara ||
46. ya ta wau kang miyarsi | dènira diya-diniya | saking saluhuring gêdhong | ênggène rêkyana patya | sigra buka cêndhela | sasolahira kadulu | dènira diya-diniya ||
47. kya patih mèsêm ing galih | mirsa kang dadi bicara | gya nimbali juru kêbon | lah
--- 1: 46 ---
juru sira mrenea | bocah sira gawaa | kalihira awotsantun | wus prapta ngarsane patya ||
48. ki patih ngandika aris | apa kang dadi bicara | sira lawan bocah kuwe | juru kêbon aturira | ulun ambêntur menda | satunggil lajêng alampus | winastan pêjah têtiga ||
49. kya patih ngandika malih | hèh rare apa ta iya | kaya ture juru kêbon | wêdhuse siji kang pêjah | sira rani têtiga | matur Jaka Betaljêmur | inggih sayêktos têtiga ||
50. apa mulane sirèki | ngarani têlu kang pêjah | iku mung siji wujude | sira arani têtiga | apa ta marmanira | Betaljêmur aturipun | inggih sayêkti têtiga ||
51. marmane ulun wêstani | têtiga ingkang palastra | de menda punika bobot | mung kêkalih sutanira | kang wontên jro wêtêngan | cêmpene kêkalih lampus | bêlang kêndhit kang satunggal ||
52. ingkang satunggile ciri | sigug matane kang kiwa | lan malih pancal sukune | ki patih mèsêm ngandika | sun arsa ngyêktènana | kinon ambêdhèl kang wêdhus | yêkti kalih cêmpenira ||
53. ingkang satunggil aciri | cacad matane kang kiwa | kêlawan pancal sukune | ki patih gawok tumingal | mèsêm dènnya ngandika | sapa aranira kulup | lan sapa ingkang sêsuta ||
54. rare matur awotsari | Betaljêmur nami amba | mênggah pun bapa wartine | duk kina [ki...]
--- 1: 47 ---
[...na] ran Bêktijamal | ki patih anggraita | kalingane sira kulup | anake Si Bêktijamal ||
55. ki patih ciptaning galih | rare iki yèn uripa | wêruh lamun wong tuwane | palastra dening manira | marma sadaya-daya | ilanga kalilip ingsun | sigra maring pawingkingan ||
10. Pangkur
1. kya patih nimbali sigra | marang juru tuwêk wus praptèng ngarsi | hèh jru tuwêk marmanipun | sun undang ana karya | patènana rare aran Betaljêmur | yèn mati atine nulya | gawanên mring ngarsa mami ||
2. pan ingsun arsa uninga | ing atine rare ngudubilai | ki juru tuwêk sigra wus | lèngsèr saking ngajêngan | sampun prapta ing prênahe Betaljêmur | hèh kulup milua ring wang | Ki Betaljêmur tut wuri ||
3. sarya alon wuwusira | ingsun iki sira ajak mring ngêndi | juru tuwêk sauripun | kulup sira mênênga | mêngko kana sun tuturi paran ingsun | yèn prapta jabaning bata | duk sêmana sampun prapti ||
4. ki juru tuwêk lingira | ingsun iki kinon marang ki patih | matèni mring sira kulup | Betaljêmur lingira | lamun sira kinon matèni maring sun | lah iya sakarêpira | nanging ingsun tutur dhingin ||
5. yèn sira matèni ring wang | pêsthi luput ing sêdyanira nguni | juru tuwêk sauripun | sira wruh karêp ingwang | Betaljêmur saure sarwi gumuyu | iya ngong wruh karêpira | sirèku putrèng Ngabêsi ||
6. suwita [suwi...]
--- 1: 48 ---
[...ta] maring ki patya | sêmang bae ana anake èstri | pêmbarêpe luwih ayu | iku kang sira arah | nanging mêngko durung ana marganipun | gumuyu ki juru tuwak | bênêr iku karêp mami ||
7. lah mara cêthanên pisan | apa iya klakon cêthanên mami | panggih kang sun arah iku | putrine kyana patya | Betaljêmur alon dènira amuwus | ya têmu sira ing benjang | angling putra ing Ngabêsi ||
8. manira uripi sira | nanging paran sandiku mring apatih | dene pinundhut atimu | kya patih arsa wikan | ing atimu Betaljêmur alon muwus | gampang ingsun singidêna | marang ing gonan kang adhêmit |[10]|
9. nuli sira ngupayaa | ati wêdhus aturna mring ki patih | nanging ta miliha wêdhus | ywa sadhengah wêdhuse |[11] wetan kene ana wong duwe wêdhus |[12] duk lair babune pêjah | cêmpe iku dèn susoni ||
10. marang kang duwe priyongga | malah kongsi gêdhe anusu janmi | samêngko kang duwe butuh | didol tukunên inggal | mringa pasar yèn ana wêdhus tinuntun | săngka wetan praptanira | tukunên ywa nganggo ngawis ||
11. iku atine kang rasa | tan prabeda lawan atine janmi | putra ing Ngabêsi gupuh | Betaljêmur winarna | siningidkên adhêmit panggenanipun | putrèng Ngabêsi mring pasar | praptanira amarêngi ||
12. wong nuntun wêdhus sing wetan | cinêgatan sarwi dèn pitakoni | wis tinutur [tinu...]
--- 1: 49 ---
[...tur] mulanipun | sinuson mring manusa | wusnya tutur tinuku satawanipun | ngungune mring rare ika | sawuwuse dene sidik ||
13. juru tuwêk sigra prapta | ing wismane kang duwe menda mulih | sinêmbêlèh atinipun | winadhahan ing ancak | ingaturkên ki patih suka tyasipun | wus mati si ngudubilah | atine sun arsa uning ||
14. ancak sampun ingungkaban | kyana patih kagyat sajroning galih | alon pangandikanipun | dene nora piraa | ati julig dene kaya ati wêdhus | sakalak kinon ambakar | sêmana wus dèn icipi ||
15. dene ta sakalakira | pan kinarya lolohe kang turanggi | kunêng wuwusên sang prabu | Maharaja Kobatsah | wungu sare lali ing supênanipun | animbali pra dipatya | kang sêpuh sadaya prapti ||
16. pra bupati ingandikan | sapa bisa ambadhe impèn lali | yêktyagung ganjaran ingsun | sagung para dipatya | atur sêmbah katur pêjah gêsangipun | suka lamun dinukana | tan wontên ingkang kadugi ||
17. kyana patih tinimbalan | Eklaswajir wus praptèng dalêm puri | ing ngabyantara sang prabu | sang nata sru ngandika | hèh apatih tarbukakên impèn ungsun | lamun sira tan manggihna | tan pedah amangku bumi ||
18. ingsun lali impèn ingwang | ulatana poma dipun kêpanggih | akèh punggawa kang sêpuh | tan ana mangartia | kari sira pan ika [i...]
--- 1: 50 ---
[...ka] bubuhanamu | yèn ratu pêtêng tyasira | padhange săngka ing patih ||
19. lamun nora mangkonoa | patih nistha tan pantês misesani | angrèh ing wadyabala gung | payo patih dèn inggal | têmokêna laline supênaningsun | rêkyana patih manêmbah | atur pêjah tan kadugi ||
20. sri mahaprabu ngandika | yèn mêngkono ngulatana tumuli | ajar-ajar lan manguyu | tabid ingkang kuwasa | konên nyêtha laline supênaningsun | patih lamun tan manggihna | sun tugêl janggamu pêsthi ||
21. lah uwis padha mêtua | besuk Soma ingsun miyos tinangkil | sadaya sarêng wotsantun | samya mêdal sing pura | kang sawênèh para dipati amuwus | iki ratu anggêlathak | akon nyêtha impèn lali ||
22. kang tan ngimpi yèn wêruha | apan ingkang angimpi dhewe lali | ki patih ulate suntrut | wus praptèng dalêmira | tan adhahar ki patih linggih pitêkur | ketang dukane sang nata | yèn tan antuk angulati ||
23. kang ambadhe impèn nata | ajar ingkang anèng agraning wukir | cantrik puthut lan manguyu | tan ana bisa batang | impèn lali angèl karsaning sang prabu | ki patih langkung sungkawa | ingadhêp kang para rabi ||
24. juru tuwêg tinimbalan | praptèng ngarsa ki patih ngandika ris | ingsun prihatin kêlangkung | dening sri nara nata | dènnya sare alali supênanipun | tinêmpuhakên maring wang | angulati impèn [i...]
--- 1: 51 ---
[...mpèn] lali ||
25. lamun nora kabadhea | timbalane tinugêl jăngga mami | sakèh kang tapa ing gunung | tan ana bisa batang | yèn uripa bocah kang wus sira lampus | pêsthi iku bisa nyêtha | ingsun dhewe kurang ririh ||
26. ana kang sanggup nguripna | paran uga jinaluk sun turuti | juru tuwêk duk angrungu | patih andikanira | cipta kontung dadi bilai wak ingsun | ngong matur tadhah dêduka | dhuh kyai pun rare maksih ||
27. ing nguni atining menda | ingkang katur dhatêng paduka kyai | juru tuwêg gya rinangkul | sarya sru angandika | saksat sira kang nambungi ngumur ingsun | iya mêngko paranana | gawanên mring ngarsa mami ||
28. mawaa wong tukon sira | lawan payung tanapi buratwangi | lan cindhe puspita luhung | gawenên êmban-êmban | konên ngêmban lamun tan gêlêm lumaku | payungana kêbutana | nuli lumakua aglis ||
29. juru tuwêg lajêng mentar | saking ngarsanira kyana patih |[13] praptèng gone Betaljêmur | tutur mula bukanya | Betaljêmur tinimbalan mring sang prabu | ginendhong ing cindhe sêkar | kinêbutan dèn payungi ||
30. prapta ngarsane ki patya | ginêlaran ing babud prangwêdani | patih langkung gugup mêthuk | kinanthi astanira | wus ginawa anunggal saklasa babud | langkung sugun-sugunira | Kyana Patih Eklaswajir ||
31. ngrêrêpa ing wuwusira | sira bisa nyêthakna impèn lali | Betaljêmur lon umatur |
--- 1: 52 ---
iya ingsun kaduga | yèn apanggih lan kang darbe impènipun | yèn nora panggih tan bisa | tan wruh rupane kang ngimpi ||
32. yèn sira kang angimpia | padha mêngko bisa ambadhe mami | kang ngimpi dudu awakmu | dadya ingong tan bisa | kyana patih alon dènira amuwus | kang ngimpi sri naranata | badhenên saka ing ngriki ||
33. Betaljêmur saurira | nora bisa yèn tan panggih pribadi | lan kang darbe impènipun | kyana patih ngandika | yèn tan purun bilai kang sira têmu | Betaljêmur saurira | tan gumingsir praptèng pati ||
34. kyana patih ciptanira | sun cêkêle bok minggat rare iki | sun aturne sang aprabu | alah si uwun pisan | Betaljêmur sêmana sampun pinikut | linêbokkên ing wêrăngka | kunêng gantya kang winarni ||
35. Sri Mahaprabu Kobatsah | dina Soma enjing miyos tinangkil | pra dipati kawan èwu | aglar ing panangkilan | pra sêntana pêpêkan kang para ratu | kadya girindra pawaka | busana mawarni-warni ||
36. munggèng singangsana rêtna | dènnya lênggah wau sri narapati | arja alêlèmèk babut | apalipid kancana | sri narendra makutha bukasri murub | kadya Sang Hyang Jagadnata | siniwèng rêsi sabumi ||
37. sri maharaja makutha | ujwala bra kadya mangendra giri | arja hèr thathit panunggul | pamêngkang naga raja | bukasrine prabane sunar sumunu | akên Sang Sri Gonaloka | panduking [pa...]
--- 1: 53 ---
[...nduking] netra ngajrihi ||
38. gêgilap baskara abra | munggèng jaja bidhar ingkang nêngahi | wadya kang nangkil sêdarum | lir konjêm ing bantala | wismaya yèn sri bupati nimpên rêngu | agalak tejane muka | tumpang pada dènnya linggih ||
39. munggèng patarana êmas | linemekan ing babud prangwêdani | sinasotya saka sèwu | urubning padmasana | pinakaja wangkawa mirah jumêrut | sabên sasaka satunggal | pinarkatèng sêsotya di ||
40. kang munggèng byantara nata | kyana patih lan sagung para aji | pra mănca dipati têpung | punggawa ulubalang | tigang lêksa samya têtopong mas murub | kaprabaning diwangkara | gumêbyar ambalêrêngi ||
41. juru malim pangalasan | munggèng kanan sêrati miwah kucing | kêkês kang sewakèng ngayun | dening Sri Masir Araja |[14] megung rênggang wêwangkong prakêmpa manggung | gonjit ingkang padmasana | kadyarsa ngunduri jurit ||
11. Durma
1. Mahaprabu Kobatsah asru ngandika | hèh Patih Eklaswajir | mêne kaya ngapa | apa wus olèh sira | unggyaningsun kon ngulati | kang nanggupana | ambadhe impèn lali ||
2. kyana patih langkung gugup aturira | pukulun patik aji | atadhah dêduka | angsal saksat tan angsal | dene rare kang nanggupi | nanging tan arsa | yèn tan panggih pribadi ||
3. lawan ingkang supêna datan kaduga | lamun panggih pribadi | punika [puni...]
--- 1: 54 ---
[...ka] kaduga | lare langkung ugungan | tan purun sowan pribadi | yèn tan ngandikan | kawula bêkta gusti ||
4. datan purun ngantosi timbalan tuwan | mangagnya sri bupati | marang pangalasan | tur sêmbah patang lurah | gya mêsat saking ngarsa ji | sigra lampahnya | prapta wismèng kya patih ||
5. lajêng maring wêrangkan panggenanira | Betaljêmur wus titi | dhawuh pangandika- | nira sri maharaja | kulup sira dèn timbali | marang sang nata | payo mêtua aglis ||
6. Jaka Betaljêmur alon saurira | matura mring sang aji | nuwun duka ingwang | nora bisa lumampah | nulya wangsul duta prapti | ing ngarsa nata | duta matur wotsari ||
7. lamun Betaljêmur mopo tan lumampah | datan sagêd lumaris | nata angandika | kuda ngong kambilana | gawanên mapag tumuli | wus kinambilan | pangalasan anuli ||
8. wangsul sarwi ambêkta kuda dalêman | wus praptèng gone nuli | caraka wacana | payo kulup mijila | Betaljêmur tanya aris | lah iku apa | kang dera bêkta sami ||
9. pangalasan anauri iku kuda | titihane sang aji | pinapagkên sira | payo age nitiha | Betaljêmur anauri | ingong tan arsa | sato arane iki ||
10. ingsun iki manusa yêkti tan arsa | anunggang sato dening | sun iki manusa | yêkti padha manusa | yèn kadêrêng sri bupati | aparipêksa | nimbali awak [awa...]
--- 1: 55 ---
[...k] mami ||
11. pêpatihe iku kinêndhalènana | kang aran Eklaswajir | dipun kambilana | ambênên cara kuda | gawanên mring ngarsa mami | iku ngong seba | yèn nunggang gigir patih ||
12. lamun nora mangkono têka ing pêjah | tan purun seba mami | ya ta pangalasan | langkung ngungun miyarsa | bêbudèn nganyar-anyari | salaminingwang | durung uning kadyèki ||
13. lajêng wangsul pangalasan praptèng ngarsa- | nira sri narapati | nyêlak padmasana | bêbisik aturira | Betaljêmur langkung wingit | panuwunira | katur sadaya titi ||
14. duk miyarsa sri ngungun sru gawok marang | paminta kang winarni | ngudikèng wardaya | Mahaprabu Kobatsah | baya motangkên prihatin | utawa lara | rarèki mring si patih ||
15. baya anggung atine dèn ăngsa-ăngsa | kêkêl among wiyadi | măngsa mangkonoa | yèn tan ingsun turuta | ilang adiling ratwadi | tan kasamaran | pasang wiweka wingit ||
16. kinêjepan pangalasan kalih sigra | anubruk kyana patih | kagyat wus binănda | lajêng kinêndhalenan | atanapi dèn kambili | cara turăngga | nulya binêkta aglis ||
17. kinarung ingiringkên de pangalasan | praptèng donira nuli | Betaljêmur mulat | ing tyas marwata suta | iku lêga ati mami | anulya mêdal | cinengklak kyana patih ||
18. tinitihan kya patih kinêtab-kêtab |
--- 1: 56 ---
pangalasan kang ngiring | anggêrbêg nèng wuntat | wus kadya wong angarak | jibêg lurung wong ningali | agawok marang | budi nganyar-anyari ||
19. jêjêl ingkang lêlurung praptèng paseban | lamun kêndho ing laris | kinocok sinêndhal | lambe ajur untunya | rampal kalindhih kêndhali | kadya ginubah | rênyuh lambene kalih ||
20. samya dawir tatune kadya rinujat | langkung sakêthi sakit | lan sakêthi wirang | rêkyana patih gobrah- | gobrah ludira gubrasi | kècèr nut marga | larut bayuning patih ||
21. lampahira wus praptèng byantara nata | cêngêng dènnya ningali | sagung kang sewaka | sadaya kagawokan | ing budi nganyar-anyari | mudhun sêksana | saking gigiring patih ||
22. Maharaja Kobatsah kagyat tumingal | ing cahyane kang prapti | dene mawa teja | lir lintang karainan | marêng sang sri narapati | saking dhêdhampar | mêthuk kang lagya prapti ||
23. Betaljêmur arsa nêmbah gya cinandhak | astane kinon linggih | nèng wijahan rêtna | nunggil lan para nata | sang anindya mantri maksih | kinarung ngarsa | pangalasan nyêkêli ||
24. Maharaja Kobatsah gupuh ngandika | bagea kulup prapti | marmane sun undang | marang ing ngarsaningwang | unggyaningsun ngimpi lali | sira badhea | Betaljêmur wotsari ||
25. makatên kang kasupêna ing narendra | paduka aningali | kaluwa nèng talam | arsa [ar...]
--- 1: 57 ---
[...sa] paduka dhahar | nulya asu cêmêng prapti | nocok kawula | binêkta kesah aglis ||
26. sru anjumbul sang nata duk amiyarsa | lah iya mêngko eling | mêngkono ta uga | kulup supênaningwang | Betaljêmur awotsari | ebat pra nata | ki jaka langkung sidik ||
27. angandika Sri Mahaprabu Kobatsah | kulup wartaa nuli | sapa ngăngsa-ăngsa | marang ing atinira | ingsun ingkang amalêsi | nampurnakêna | dèn ta nandhang prihatin ||
28. Betaljêmur matur nêmbah mring sang nata | pun bapa dèn pêjahi | tanpa darbe dosa | dhatêng rêkyana patya | samangke balunge maksih | nèng pojok taman | lamun karsa sang aji ||
29. luhung utusana paduka narendra | mariksaa tumuli | yêktine tur amba | lajêng ngutus narendra | amariksa datan sisip | saaturira | balunge ingkang maksih ||
30. pangalasan wangsul praptèng ngarsa nata | umatur lamun inggih | balunge punika | wontên pojoking taman | duk miyarsa sri bupati | langkung bramantya | ngujiwat angêjèpi ||
31. juru tuwêg tur sêmbah sigra amêdhang | pagas janggane patih | wus dadya têtiga | Eklaswajir palastra | ngandika sru sri bupati | hèh para nata | miwah para dipati ||
32. ngèstokêna Si Betaljêmur sun karya | pêpatih ingsun mangkin | amisesa ing rat | sadaya para raja | pra dipati angastuti | mring karsa nata | Betaljêmur [Be...]
--- 1: 58 ---
[...taljêmur] kinanthi ||
12. Kinanthi
1. ngandika malih sang prabu | sawêwêngkone si patih | wisma saisine pisan | rajabrana myang pawèstri | iku kagungan manira | ngong pasrahkên marang patih ||
2. sadaya kang para ratu | satriya punggawa mantri | karsèng sun padha ngatêrna | mring wismane Eklaswajir | lah payo ungkur-ungkuran | Betaljêmur awotsari ||
3. kondur sang nata ngadhatun | Patih Betaljêmur maksih | kêlawan kang para nata | punggawa satriya mantri | samya nacahakên dunya | mring dalême kyana patih ||
4. sarêng budhal lampahipun | patih anyar kang dèn iring | sadaya kang para nata | ngiring Betaljêmur Patih | duk sêmana sampun prapta | ing dalême Eklaswajir ||
5. ya ta Patih Betaljêmur | lan sagung para dipati | punggawa lawan satriya | sêntana mantri bupati | lajêng nacahakên dunya | barana parêkan cèthi ||
6. sagung rajabrana wutuh | miwah praboting nagari | sadaya wus kinêkahan | mung garwane Eklaswajir | punika lagya awawrat | kinon ngaturkên sang aji ||
7. dene têtilaranipun | putra Patih Eklaswajir | kêkalih samya wanodya | samya diwasa yu luwih | kang sêpuh wus kinon ngalap | mara putra ing Ngabêsi ||
8. Kyana Patih Betaljêmur | kang nèm putrane Klaswajir | ingalap kinarya garwa | sarêng sadina kêpanggih | lan juru tuwêg punika | langkung sukanirèng galih ||
9. prapta kiriman [kirima...]
--- 1: 59 ---
[...n] ambubul | kang saking para narpati | tuwin satriya punggawa | katur ing rêkyana patih | lajêng samya dhêdhaharan | lan sagung para narpati ||
10. nulya Patih Betaljêmur | ibune wus dèn pondhongi | praptèng dalêm kapatihan | langkung tyas marwata siwi | yèn maksih gêsang kang putra | manggih kamulyan malih |[15]|
11. antuk sihira sang prabu | ingadêgakên pêpatih | angrèh para raja-raja | amangku bumi Mêdayin | kang ibu ngungun tumingal | putra siniwèng narpati ||
12. sawusnya bujana nutug | bubar sagung pra narpati | satriya lan pra dipatya | kunêng kawuwusa enjing | Sri Mahaprabu Kobatsah | sêmana miyos tinangkil ||
13. wus aglar kang para ratu | punggawa satriya mantri | kyana patih ngarsa jajar | kêlawan para narpati | ulubalang pangalasan | pêcattăndha tăndhamoi ||
14. angandika sang aprabu | mring sira rêkyana patih | hèh apatih kaya ngapa | artine supêna mami | Patih Betaljêmur nêmbah | makatên sri narapati ||
15. wontên pawongan pukulun | warnane ayu linuwih | arsa paduka karsakna | nuntên lami tan kaèksi | alambangsari kêlawan | têtumbasan ing Ngabêksi ||
16. lami dènnya pulang lulut | sênadyan samangke taksih | anèng sajroning tabêla | dènnya singidan miranti | naranata gupuh jêngkar | sapraptanirèng jro puri ||
17. tan kongsi cucul asantun | busana [bu...]
--- 1: 60 ---
[...sana] saking tinangkil | lajêng anjujug tabêla | ingungkaban wus kêpanggih | wong roro kêpati nendra | cinêkêl jalu lan èstri ||
18. gya winêdalakên sampun | kalihe kinon nêlasi | wus kabunuh kalihira | wau ta rêkyana patih | cinatur ing laminira | sabên ngandikan jro puri ||
19. langkung sihe sang aprabu | winantu pracayèng wèsthi | sugun-sugun sri narendra | ngêla-êla mring apatih | yèn nginum tandhêsan tunggal | lawan sira sri bupati ||
20. mangkana mèh praptèng dalu | nuwun mantuk kyana patih | cinatur ing laminira | ingandikan sabên ari | yèn ki patih tan ngandikan | sang nata têdhak pribadi ||
21. anutug bujana nginum | anèng dalême ki patih | ing sabên-sabên mangkana | kunêng ing alami-lami | pramèswarine sang nata | sêpuh dènira garbini ||
22. wus ambabar miyos jalu | suwarnanira apêkik | klintang sukane sang nata | dene bagus ingkang siwi | lan sarta amawi cahya | sang nata enjing tinangkil ||
23. andhèr para ratu-ratu | punggawa satriya mantri | kyana patih munggèng ngarsa | sigra putusan sang aji | amundhut marang kang putra | tur sêmbah cèthi kêkalih ||
24. kya patih majêng wotsantun | rajaputra dèn tampèni | pinangku maring ki patya | ngandika sri narapati | hèh patih wèhana aran | sapa rane putra mami ||
25. kyana patih nêmbah matur | yogya nama Radèn Yayi |
--- 1: 61 ---
dene namane punika | kaluhurane ing benjing | saking gunging kang kagungan | Sang Nusirwan abêbisik ||
26. putra paduka pukulun | enjing jumênêng narpati | anglangkungi amisesa | langkung sing jêng paduka ji | kèdhêp sagung para nata | pêpundhène para aji ||
27. kabèh ratu kawan èwu | ratu kang amăncabumi | myang punggawa tigang lêksa | salêbêt nagri Mêdayin | pangalasan tiga samas | kang kaparêk siyang ratri ||
28. mantri kawan wêlas satus | kang rumêksèng păncaniti | siyang dalu agiliran | mantri pitung atus sisih | ing benjing putra paduka | kalane siniwèng dasih ||
29. aparêkan sangang atus | tur sami putri linuwih | apatayar kawan nambang | măngka cundakaning wèsthi | samya kinalambèn êmas | kang kinathik siyang ratri ||
30. dene mantrine kang juru | tampingan ngulubalangi | mantri andêl kawan dasa | tur samya mantri prajurit | rong èwu nitih dipăngga | tuwin kang topong mas adi ||
31. sèwu kang anitih sênuk | rongèwu nitih karêndhi | sèwu nitih adal-adal | têgêse punika uling | lumrah gênge sabongkot tal | uling titihan prajurit ||
32. kang nitih blêgdaba sèwu | rongèwu kang nitih kuldi | kang nitih mèmrèng sanambang | mèmrèng lir kidang kang warni | rong mênjangan panjangira | tutul abang ulêsnèki ||
33. yèn tinitihan malêngkung | cangkême anggung maringis | nora bisa amingkêma [a...]
--- 1: 62 ---
[...mingkêma] | siyung kadya siyung kucing | kupinge tipis rong asta | ambane mung patang nyari ||
34. nitih kuda pitung èwu | ngagêm comar cacap lêmbing | samya mantri juru langlang | ngagêm gandhi kalawahi | duduk sasandhok ibêran | prasamya prawirèng jurit ||
35. langkung suka sang aprabu | miyarsa aturing patih | dene putrane cinêtha | umadêg ratu linuwih | dadya ratu pinituwa | pangidhêpan para aji ||
36. maksih sineba sang prabu | parêkan prapta tur uning | yèn Eklaswajir garwanya | kang tinilar anggarbini | ing mangke sampun ambabar | jalu wus kinon angambil ||
37. praptèng ngarsane sang prabu | ngandika sri narapati | lah ta paran karêpira | mring anake Eklaswajir | dene iki mêtu lanang | apa ta sira patèni ||
38. matur Patih Betaljêmur | kang botên-botên sang aji | punika tan tumut dosa | mung bapakipun pribadi | inggih sampun kêlampahan | rare tan uningèng warti ||
39. ngandika malih sang prabu | iya sakarêpmu patih | yèn mêngkono jênêngana | sapa rane rare iki | rêkyana patih tur sêmbah | nama pun Baktak prayogi ||
40. benjing langkung wêgigipun | lawan jumênêng pêpatih | amatihi putra nata | rare punika ing benjing | balanipun tigang êlak | upamane wong sawiji ||
41. ngadêg nginggiling pêpundhung | sadugine aningali | ngalor ngulon ngidul ngetan | tan katon watêsing pinggir | inggih punika [puni...]
--- 1: 63 ---
[...ka] saêlak | tigang lak balane benjing ||
42. sampun pinisah pukulun | lan gusti Rahadèn Yayi | tinunggilna putra nata | rare punika ing benjing | sagêd nganam kamadaka | amrih upaya ngêntèni ||
43. sang nata suka angguguk | miyarsa aturing patih | nulya jêngkar angêdhatyan | Baktak binêktèng jro puri | Betaljêmur sampun mêdal | kondur mring wismanirèki ||
44. mangkana kalawun-lawun | sangsaya ngalami-lami | Rahadèn Yayi kawarna | sangsaya katingal pêkik | ruruh sulaksananira | kang rama marwata siwi ||
45. ketang ture Betaljêmur | de putra susila pêkik | sang nata awangwang ngagya | ambêdhah gêdhongira ji | yun kinarya dana darma | anggêganjar dasih mêskin ||
46. miwah Patih Betaljêmur | agung dêdana mring dasih | karya mantri juru langlang | nêlik wong kang sami mêskin | mintir danane ki patya | arta busana myang bukti ||
47. wong jro pura padha cukup | sing dananira sang aji | malah kongsi mring padesan | gotongan pêthi anggili | akèh alas dadi desa | jêjêl nèng sukuning wukir ||
48. pinggir jurang gunung-gunung | èrèng-èrèng iring-iring | dadya karang-karang anyar | alas agung pinggir-pinggir | gêmah samya dadya sawah | pinala kirna marnani ||
49. praptèng bumintara kasub | arjane bumi Mêdayin | duk adêge patih anyar | sapatine Eklaswajir | patih mudha dadi loka | balaba sih
--- 1: 64 ---
maring dasih ||
50. desa myang lêgawanipun | jaba jro prapta ing dasih | sumarma dadya kaloka | tan ngeman dunya prasami | patih lawan sri narendra | karsanira sami ugi ||
51. lami sang nata andangu | manawa na desa sêpi | jajahaning para mănca | babagan bawah Mêdayin | aja na kongsi malua | kang kawêngkwèng nagri mami ||
52. yèn ana dhukuh kang suwung | padha matura dèn aglis | matur ingkang pra dipatya | tan wontên dhukuh kang sêpi | sami agêmah sadaya | têpis iring myang paminggir ||
53. sang nata tan antuk atur | animbali kyana patih | agunêm sajroning pura | paran karêpira patih | dene ingsun arsa wikan | jajahan kang maksih sêpi ||
54. matur Patih Betaljêmur | makatên punika gampil | paduka ngakên agêrah | anggèr sampun mijil-mijil | nuntên kawula parentah | mring sagung kang pra dipati ||
55. mèsêm ngandika sang prabu | ya sakarêpira patih | kyana patih lajêng mêdal | ngundhangi mring pra dipati | marma tan nangkil sang nata | dene ta anandhang agring ||
56. kang dadya usadanipun | lêmahe desa kang sêpi | dimèn inggal waluyaa | gêrahe sri narapati | padha sira ngupayaa | lêmahe desa kang sêpi ||
57. sandika sami turipun | sadaya para dipati | nulya nglampahakên duta | marang jajahan paminggir | lir sêsulung kang turêngga | saking jro kutha anggili ||
58. ngulon ngalor
--- 1: 65 ---
ngetan ngidul | putusaning pra dipati | sadaya samya bubuhan | tuwin kang marang pasisir | praptèng lêlakon sacăndra | tan amanggih dhusun sêpi ||
59. ya ta caraka amangguh | wisma rubuh pinggir margi | purwane ana wong dagang | ambêkta arta sakêthi | sakit sangêt lajêng pêjah | wismane wong iku têbih ||
60. tan aduwe anak putu | mila akaling patinggi | dèn tutup wisma punika | ênggèning arta sakêthi | nganti lami nora prapta | ingkang duwe ali waris ||
61. malah wisma kongsi rubuh | ênggèning arta sakêthi | tan ana ingkang ngambila | saking kartaning nagari | mangkana ingkang caraka | mêndhêt sitinira manis ||
13. Dhandhanggula
1. para duta sawusira ngambil | siti samya mantuk mring nagara | datan kawarna solahe | prapta mring gustinipun | sowang-sowang matur ing patih | mila lami tan angsal | siti dhusun suwung | sêmana katuju angsal | wontên wisma rubuh satêpining margi | purwane wong adagang ||
2. sakit sangêt lajêng angêmasi | datan wontên anak putunira | mila tinutup wismane | dhatêng patingginipun | angantosi kang darbe waris | saking lami tan ana | anak putunipun | mila wisma kongsi rêbah | panggenane numpuk kang arta sakêthi | tan wontên kang ngambila ||
3. langkung suka miyarsa kya patih | Betaljêmur lajêng manjing pura | prapta byantarèng prabune | andikanira arum | kayaparan rêkyana patih [pa...]
--- 1: 66 ---
[...tih] | wartaning dutanira | patih nêmbah matur | katur aturing caraka | kang ngubêngi ngupaya dhukuh kang sêpi | alami datan angsal ||
4. lêlampahan kalih wulan prapti | abdi dalêm kang ngidul kang ngetan | miwah kang ngalèr kang ngilèn | samya tan wontên mangguh | ingkang dhukuh sêpi prasami | gêmah sadayanira | dhukuh wana gunung | kèh ginêmpur dadya desa | tiyang dagang ing padesan kanan kering | kathah lajêng awisma ||
5. maharaja trusthèng tyas miyarsi | mring ature rêkyana apatya | sakamantyan ing sukane | kyana patih nêmbah matur |[16] lah kagungan dalêm kang maksih | wêtah gêdhong sakawan | samya gêdhong agung | kang kantun gêdhong sakawan | ji sadasa agênge kathahe isi | lawan kang sampun têlas ||
6. kalih bêlah kang sampun barêsih | sagêdhonge isi nyatus yuta | gêdhong kang kantun panjange | sami lan patang puluh | angandika sri narapati | lah paran karêpira | gêdhong papat iku | rêkyana patih tur sêmbah | sae lajêng mring jajahan kang paminggir | dhusun kang pinggir wana ||
7. dimèn wuwuh arjaning nagari | wêwênange ratu simpên arta | wajibe angganjarake | maring wadyabala gung | amrih kukuh ingkang nagari | yèn ratu simpên arta | nora mêtu-mêtu | tan wande dadi jarahan | ratu nistha parangmuka akèh wani | wadya lit arang trêsna ||
8. Mahaprabu Kobatsah lingnya ris | iya patih apa karêpira | manira anurut [a...]
--- 1: 67 ---
[...nurut] bae | kyana patih wotsantun | sapraptane saking jro puri | gêdhong lajêng binêdhah | isine dèn usung | anggili maring padesan | jro nagara cukup tan ana wong miskin | tuwuk dana sang nata ||
9. atanapi danane kya patih | pan lumintu tan ana sumêla | wong nagara asih mule | mring Patih Betaljêmur | datan ana sagêd mangsuli | dènnyambêg santa budya | paramartèng wadu | mule wisesa sudarma | pra dipati myang satriya wêdi asih | myang ratu kang amănca ||
10. sangsaya gung pra ratu kang prapti | kaungkulan susila myang dana | saking patih prabawane | mangkana kang winuwus | Radèn Yayi putra sang aji | kang yuswa Sang Nusirwan | wus salawe taun | sami umure lan Baktak | langkung pêkik wangune cahya nêlahi | limpad pasang graita ||
11. langkung sihe kang rama sang aji | ing nalika miyos siniwaka | supênuh wadyabalandhèr | kang para ratu-ratu | pra dipati punggawa mantri | kang para nata jajar | Patih Betaljêmur | aglar narpati amănca | Mahaprabu Kobatsah ngandika aris | hèh patih kaya ngapa ||
12. ing adêge ratu anak mami | apa duwe mungsuh ta ing benjang | ingkang dadya lawanane | dene dibya nata gung | pangidhêpan para narpati | sapa wani mungsuha | patih nêmbah matur | nuhun mung tanah ing Arab | kang nimbangi ing putra paduka benjing | kêlawan tanah ngajam ||
13. pangajêngipun pitung nagari | mêngsahipun putra padukendra | Ngalabani [Nga...]
--- 1: 68 ---
[...labani] gêgêdhuge | ing Yahman malihipun | ing Sêrandil Mêsir Kohkarib | ing Yunan Ngêrum Kebar | samya dibya nung |[17] sang nata malih ngandika | samêngkone apa ta wus padha lair | kya patih awotsêkar ||
14. wênèh wontên ingkang sampun lair | kang sawênèh maksih nèng wêtêngan | putra paduka mêngsahe | ngandika sang aprabu | yèn mangkono rêkyana patih | lah sira lumakua | mring jajahan iku | ing praja pitu yèn ana | rare lanang tumpêsên aja na kari | nadyan nèng jro wêtêngan ||
15. bêdhèlana wong pitung nagari | undhangana kabèh wong somahan | aja turu lan bojone | sajroning taun iku | anggawaa sira prajurit | prawira pitung yuta | mantri punggawa gung | sêparo sira gawaa | para ratu gawanên ingkang sêpalih | sêparo tunggu mring wang ||
16. sinangonan tigang atus kêthi | lan êmase patang puluh unta | kya patih tur sêmbah lèngsèr | saking ngarsa sang prabu | sapraptane nèng păncaniti | sigra nêmbang têngara | gong bèri gumuruh | sanengga wong kêpatihan | wadyabala sakêpraboning ajurit | umyang lir puspita bra ||
17. budhal saking nagari Mêdayin | Patih Betaljêmur lampahira | gumuruh wadyabalane | prajurit anung-anung | wahana gung awarni-warni | mèmrèng lan adal-adal | blêgdaba lan sênuk | kuda kuldi lawan singha | mong andaka garga kadarpa karêndhi | warak miwah [mi...]
--- 1: 69 ---
[...wah] dipăngga ||
18. abra ingkang lêlayu marnani | umbul-umbul daludag wangkawa | bandera gung sri warnane | kadyapi awun-awun | gêgamane wadya warna sri | ingkang kumbala singha | benang watangipun | kumbala laring manyura | watang cêmêng kumbala mèmrèng thi-athi | watang biru biolah ||
19. kumbala larong mawayang wilis | halêp asri busananing wadya | kêthap-kêthap kêtèp-kêtèp | samya sulam sêdarum | duduk siyah pating karêlip | akèh sanjata lanang | angêngilat barung | têmpur prabaning baskara | kawaca mas aliwêran ngilat thathit | sumyar pating galêbyar ||
20. pra dipati sadaya nèng ngarsi | para nata samya anèng wuntat | patih nèng têngah ênggène | kang kartala wadya gung | srining wadya lir wukir bêsmi | gumuruh swaraning kang | balakuswa umyung | kadya girindra prakêmpa | sampun têlas kapungkur prajèng Mêdayin | ngancik ujunging wana ||
21. baris agêng ngêbêki wanadri | têpis iring gunung padêdesan | kablabaran baris gêdhe | kunêng dohing lumaku | lêrês lampahira wus prapti | talatah prajèng ajam | baris kèndêl tugur | samya nglampahakên duta | para mantri maring dhusun têpis iring | numpêsi rare lanang ||
22. wong amêtêng samya dèn bêdhèli | dadya gègèr desa pagunungan | samya ngungsèkkên rarene | busêkan wus misuwur | wong jajahan praja angili | wong duwe anak lanang | ngungsi luhur gunung | kang
--- 1: 70 ---
sawênèh malbèng jurang | tanah ajam rare lanang tumpês tapis | budhal rêkyana patya ||
23. baris agêng praptèng têpis iring | tanah Ngarab gègère puyêngan | samya angungsèkkên rare | kunêng gantya winuwus | darahira Nabi Ibrahim | băngsa Ismangil lagya | turun kaping wolu | saking Hasim apêputra | Dul Mutalib kang jumênêng adipati | rahayu budi darma ||
24. tur lêgawa paramartèng dasih | anoraga ambêk santa budya | tan kandhêg mintir danane | mring pêkir miskin lulut | sandhang boga sinungan krami | asih wong mara dagang | rinayat tinamu | kèh nangkoda dadya kadang | de nagari ing Mêkah cinatur alit | karèh marang ing Yahman ||
25. nanging sami-samining dipati | prajèng Mêkah tan wontên puruna | saking alus bêbudine | andhaping kula sadu | dibya muka ngenaki ati | dadya kang pra dipatya | kanan kering lulut | anggêpe sami ambapa | maring sira Ki Arya Ngabdul Mutalib | amrih samya raharja ||
26. kacarita Arya Dul Mutalib | wus pêputra kathahe sawêlas | samya jalu sadayane | têtiga garwanipun | sadayane samya mêdali | nama Dèwi Katimah | garwampeyan sêpuh | patutan jalu lêlima | pêmbajênge Radèn Idahu gêng inggil | nanging datan prawira ||
27. ingkang rayi nulya Radèn Jubir | Radèn Ngujèr lawan Radèn Abas | samya kusut bêbudène | Rahadèn Ngabdul Samsu | garwa ingkang pusaka [pu...]
--- 1: 71 ---
[...saka] sami | Katimah duk pêmana[18] | pêpatutanipun | kêkalih lawan ki arya | pêmbajênge Radèn Ngabdulah asigit | cahya lir surya mimba ||
28. ingkang rayi Radèn Abuntalib | nulya kandhêg datan apêputra | dene garwane kang anèm | sakawan patutipun | pêmbajênge Rahadèn Alip | Radnèn[19] Aris Bulahab | putra kang panggulu | nulya Radèn Samsudiman | jangkêpipun sawêlas lan Radèn Huji | samya jalu sadaya ||
29. ketang maring Arya Dul Mutalib | kayaparan prajèngsun ing Mêkah | kapanggiha basukine | nagara agung-agung | kanan kering padha wong kapir | lamun luput wak ingwang | maring para ratu | măngka dadi pănca bakah | sapa ingkang yogya atanggah ing jurit | nora wande ngong kalah ||
30. baya uwis cêlak awak mami | duwe anak lanang wus sawêlas | nora ana bêbanthènge | tan ana yogyanipun | nanggulang prang sakira amrih | ayuning prajaningwang | pêsthi yèn lêstantun | awêlas kawulaning Hyang | wadya Mêkah tan na kang dèn aubi |[20] tan wurung dadi tawan ||
31. duk sêmana Arya Dul Mutalib | lajêng tapa anèng Kakbatollah | napu lawan jajenggote | kocap ing lamènipun | akêkuwu tan mulih-mulih | ana ing Kakbatollah | antuk sawlas tèngsu | duk lagya angsal rong wulan | sang dipati ebat angungun kang galih | maring supênanira ||
32. wong
--- 1: 72 ---
petangan ujum ramal sami | ingandikan marang ngarsanira | ki arya lon wêcanane | hèh wong suratul nujum | palakiyah myang iladuni | babarên impèn ingwang | kang kèksi ing dalu | katon ningali rante mas | lir andaru mêtu saking gigir mami | sêbut maring awiyat ||
33. tan asuwe nulya prapta malih | rante iku maring ngarsaningwang | ngayuh ngawiyat adêge | praba gung muncar murub | kang buwana padhang nêlahi | kêkayon isining rat | sinabêt tumêlung | ngalor ngulon ngidul ngetan | rante iku mobat-mabit anyabêti | kêkayon ngalam dunya ||
34. nora nana kang ngadêg sawiji | anggulasah kadya binabadan | mung rante mas ngadêg dhewe | ing keblat papat têpung | kadya masrik lawan ing mahrib | kang katon jro supêna | jaban langit butul | tan ana kayon katingal | dangu-dangu rante mas sun udanèni | ana pange sêkawan ||
35. kayu iku nuli padha tangi | anggèndholi pange kang sêkawan | mirut kabèh wus katalèn | jagad wimbuh supênuh | gênge rante ngebat-ebati | mumbul anuli musna | ngalih mring gigirku | nulya sun wungu sadhela | saking kagèt anulya sun nendra malih | ana malih katingal ||
36. rante mutyara gêng anêlahi | mêtu săngka ngulon-ulon ingwang | sundhul ngawiyat adêge | ana ing ngarsaningsun | pitung langit lan pitung bumi | sadaya katancêban | rante mutyarèku [mutyarè...]
--- 1: 73 ---
[...ku] | jagad padhang anarawang | dangu-dangu rante iku sun tingali | ana pange sêkawan ||
37. keblat papat samya dèn tancêbi | nulya ana gumuruh swaranya | wong sadunya prapta kabèh | anggèndholi rantyèku | nuli ingsun kasêlak tangi | lah payo jarwanana | kabèh para nujum | tur sêmbah anuwun duka | ila-ila amrêdi karsaning gusti | sang arya mardi sabda ||
38. aywa taha-taha sira sami | saanane jroning kalbunira | payo wêtokêna age | tur sêmbah para nujum | wahanane supêna benjing | paduka darbe putra | jalu sudibya nung | dadya prajurite ngalam | amumpuni ing wijaya wijayanti | lêlananging sajagad ||
39. datan wontên ingkang sura sêkti | kasor munggwèng asmaradilaga | têmahan sumiwi kabèh | tur raga jiwanipun | para ratu samya angabdi | kaputêr jagad traya | malang-malang putung | sanggyaning kang bumi pala | apranata pukulun cêguking abdi | tan liyan sing punika ||
40. dene rante mutyara ing nguni | prajèng Mêkah benjing wontên alam | anyalini sarengate | Nabi Brahim pukulun | amêmangun agama malih | panutaning sajagad | mutyara kang sêmu | tan liyan darah paduka | kang murwenggal alêmbut ingkang anunggil | mijil saking paduka ||
41. duk miyarsa Arya Dul Mutalib | sujud waspanya drês marayawan[21] | wong nujum ginanjar kabèh | sagendhongan mas tatur | marmanipun ki
--- 1: 74 ---
arya nangis | dènnya gung sih nugraha | sih kang badhe rawuh | bubar nujum palakiyah | duk sêmana ki arya onêng ing rabi | duk angsal tigang wulan ||
42. kondur maring dalême sawêngi | Dèwi Katimah kang sinarenan | sasampune wasul[22] malèh | tumêkèng jangkêpipun | sangang wulan mulih malih |[23] wontên ing Kakbatollah | amangsuli catur | duk garwa Dèwi Katimah | samêntase sinarèn angsal tri sasi | nusul atur uninga ||
43. yèn angidham kaworan tri sasi | duk miyarsa ature kang garwa | sinantêr wau tapane | kondur maring kêdhatun | duk sêmana winuwus malih | sira Dèwi Katimah | supêna ing dalu | Nabi Musa kang tumêdhak | sru ngandika hèh wruhanira ta nini | iku wawratanira ||
44. mêtu lanang besuk yèn alair | minăngka prajurite Hyang Suksma | bisa pêtak ngobahake | gora bumi gumludhug | sagara rèh kagiri-giri | prakêmpa akampita | langit gora umung | kantaka sagung miyarsa | mêtêng runtuh kayu sol gogrog ron tapis | kêndhêng gandhewa pêgat ||
45. kagyat wungu musna tan kaèksi | Dèwi Katimah ngungun ing driya | ginănda arum astane | sare manèh sang ayu | katon Nabi Suleman prapti | arum kang pangandika | hèh nini ngong tutur | iku wêwêtênganira | mêtu lanang sudibya amangun jurit | lêlana adikara ||
46. para ratu sakurêbing langit | darma bae [ba...]
--- 1: 75 ---
[...e] simpên rajabrana | sutanira kang aduwe | prabawa kaya ingsun | ananging ta nora ngratoni | sakutu walang taga | bedane lan ingsun | êndi ingkang duwe sirah | na rambute nêmbah ing sutanta nini | lulut kang para raja ||
47. nulya wungu musna tan kaèksi | Dèwi Katimah gya ngaras asta | angambar arum gandane | sare malih sang ayu | Nabi Brahim katingal prapti | arum kang pangandika | nini darah ingsun | iku wêwêtênganira | mêtu priya prawira lananging bumi | wiweka măndraguna ||
48. lan netrane putwèngsun ing benjing | sinung awas angulah gêgaman | nèng madyaning payudane | padha lan netra wolu | paningale netra kêkalih | darijine sadaya | padha duwe kalbu | kadi ciptaning wardaya | kanakane sapuluh awase sami | kadya netraning janma ||
49. kanakane agilap ing benjing | gêbyar-gêbyar upama mutyara | nanging akèh bilaine | datan ngapaa iku | wus jamake wong sinung ing sih | agêdhe cobanira | karsaning Hyang Agung | lawan asih mring sasama | nora mangan yèn nora barêng lan abdi | punggawa para raja ||
50. nulya wungu kagyat tan kaèksi | Dèwi Katimah ngungun ing driya | ginănda arum astane | sare malih sang ayu | Nabi Adam katingal prapti | hèh nini wruhanira | ingkang sira kandhut | mêtu lanang tur widigda | lan bobote padha lan gunung sakêthi | nalika kadhawuhan [kadhawuha...]
--- 1: 76 ---
[...n] ||
51. nulya obah katon jroning ngimpi | jabang bayi nèng jroning wêtêngan | gumlêgêr ana swarane | kagyat sang dyah anjumbul | tarataban wungune guling | ngrasa lamun supêna | asrêp ing tyasipun | astane ginănda ngambar | sira Dèwi Katimah ngungun kapati | lajêng wungune siyang ||
52. kunêng gantya kang winuwus malih | lampahira rêkyana apatya | Betaljêmur sabalane | talatah Ngarab rawuh | baris agêng ing têpis wiring | gègère apuyêngan | kuwur ara-uru | kang samya ngungsèkkên bocah | bala Mêkah gêtêr patêr samya miris | katur marang ki arya ||
53. yèn patih ing Mêdayin numpêsi | rare lanang undhange sang nata | gumuruh kathah balane | dipatyèng Mêkah gupuh | angluwari dènira tèki | sêmana petangira | wus sawêlas tèngsu | mundur saking Kakbatollah | undhang marang mantrine sadaya prapti | kinèn saos sugata ||
54. lampahira nitih kuda èstri | amêmêlas mindha bêboyongan | ki arya kusut bawane | praptèng barisan agung | sampun katur marang apatih | yèn dipati ing Mêkah | prapta asêsuguh | tinimbalan praptèng ngarsa | makidhupuh Ki Arya Ngabdul Mutalib | katur rêrubanira ||
55. angrêrêpa Arya Dul Mutalib | anor asih kyana patih mulat | mèsêm tan samar ing tyase | wêlas sajroning kalbu | ngandika ris rêkyana patih | adipati ing Mêkah [Mê...]
--- 1: 77 ---
[...kah] | aywa walangkalbu | lampahipun numpês bocah | ananging ta manira bisa ngalingi | maring sariranira ||
56. Betaljêmur langkung dènira sih | aningali mring Dipati Mêkah | ngêrês sampun wruh batine | ingkang katiban wahyu | tan lyan sira Ngabdul Mutalib | sêmana ingaturan | Patih Betaljêmur | têdhak maring nêgri Mêkah | anuruti dumadak lêga kang galih | tundhuk sabalanira ||
57. sapraptane ing Mêkah nagari | kyana patih lan sabalanira | para ratu punggawane | wus samya akêkuwu | anèng jroning Mêkah nagari | langkung sinuba-suba | bujana sêdarum | kyana patih paring arta | pira-pira binage wong Mêkah nagri | pêkir miskin dinuman ||
58. winêtara cukup sanagari | mring danane rêkyana apatya | pra mantri ing Mêkah kabèh | sinung busana luhung | sanagara nglêmbana sami | budine kyana patya | balaba rahayu | paramarta ambêk santa | lêgawa sih ing dasih paramarta sih | sisihan amêmitra ||
59. lan dipati ing Mêkah prajangji | asudara ing dunya ngakerat | tan măntra cilik lan gêdhe | dipatyèng Mêkah langkung | suyun[24] sungkêm ing lair batin | dene rêkyana patya | gêng sihe kang dhawuh | kadya tunggal kang ayogya | ki dipati kêlawan rêkyana patih | lir satru lan rimbagan ||
60. siyang dalu onêngira sami | jalu èstri kawula ing Mêkah | gung ngarsanira rêramèn | samya sêngsêm andulu | nènnya[25] alus budining patih [pa...]
--- 1: 78 ---
[...tih] | adarma wijil marta | santanira nulus | nahan gantya ginupita | saungkure Betaljêmur kyana patih | ing Madayin Sang Nata ||
61. Prabu Kobatsah gêrah ngranuhi | sri bupati animbali putra | kang rama ris andikane | kulup madêga prabu | ingsun parak ajal nêkani | kulup saungkur ingwang | Patih Betaljêmur | iku akunên sudarma | ing pijajar salêksa punjungna kaki | marang ing bapakira ||
62. sira iku winêca ing nguni | maring patih adêgira nata | angrèh para ratu kabèh | binathara pinunjul | ngatasawin[26] ing bawahangin | suyud sagung jajahan | samya atur-atur | sira ratu pinituwa | wus mangkana Prabu Kobatsah ngêmasi | gumêr tangis jro pura ||
63. tan winuwus kang sampun alalis | Radèn Yayi wus jumênêng nata | Sri Nusirwan bisikane | ingèstrèn jênêngipun | dening para ratu bupati | satriya mantri mudha | Baktak wus jinunjung | nama patih lêstaria | ing wêcane Patih Betaljêmur nguni | Baktak pêpatih mudha ||
64. angastuti sagung pra dipati | lamun Baktak minăngka pêpatya | sadaya myarsèng wêcane | Kya Patih Betaljêmur | ya ta ingkang winuwus malih | senapatining raja | Kobatsah kang surud | nama Prabu Ebruskara | nusul pêjah anake ingkang gumanti | nama Raja Kistaham ||
65. sumilih ing manggalaning jurit | sinung parab Sang Raja Kistaham | prajèng Mêdayin banthènge | prawira tiru [ti...]
--- 1: 79 ---
[...ru] buyut | titih sêkti atiru kaki | digdaya tiru bapa | amunahkên satru | mangkana Prabu Nusirwan | mantri duta tinuduh amawi tulis | kinèn paring uninga ||
66. maring sira rêkyana apatih | Betaljêmur sarya tinimbalan | caraka tur sêmbah lèngsèr | saking ngarsa sang prabu | tigang samas wahana sami | kuda wus tinitihan | sarêng nandêr mamprung | ing marga tan winursita | praptèng Mêkah wus panggih lan kyana patih | dhawuh surat binuka ||
67. bukaning srat amaringi uning | ing sedane Sang Prabu Kobatsah | wus ginantyan ing putrane | Nusirwan madêg ratu | Baktak sampun nama pêpatih | dadya angudikèng tyas | Patih Betaljêmur | sun atutug pawong sanak | lakuningsun anumpêsi bocah cilik | yèn ingsun uwusêna ||
68. nora nana ingkang angruntiki | ingkang duwe parentah wus seda | bisa ngong ngalingi mangke | ing pawong sanak ingsun | lêstari tan rêringèng ati | mangkana kyana patya | undhang-undhang sampun | mring punggawa para raja | asiyaga badhe kondur mring Mêdayin | duta wus ingangsulan ||
69. mêsat saking ngarsane kya patih | sigra-sigra lampahing caraka | rolas atus kuda kabèh | kunêng pura ing dalu | garwanira sang adipati | ing Mêkah Kèn Katimah | apêputra jalu | sarêng sêdalu kêlawan | garwanira kang raka Patih Jumiril | inggih umiyos priya ||
--- 1: 80 ---
70. adipati enjinge tinangkil | lawan Betaljêmur Kyana Patya | supênuh wadyabalane | samêktèng busana wus | dènnya arsa budhal kya patih | wau dipatyèng Mêkah | utusan amundhut | jabang bayi praptèng jaba | ingaturkên dhumatêng Rêkyana Patih | Betaljêmur anyandhak ||
71. wus pinangku dèn iling-ilingi | Patih Betaljêmur mèsêm mojar | pêkik têmên rare kiye | ana gunane besuk | sutanira kakang punika |[27] tutuge yèn diwasa | prakosa dibya nung | prajurite jagad traya | munah satru widigdaya sura sêkti | kaputêr pramuditya ||
72. dene kawisayanirèng benjing | kakung munggèng asmaradilaga | rantas ingkang rawe-rawe | kang malang-malang putung | apranata kang para mantri | sanggyaning bumi pala | soring prang sumuyud | sinêmbah ing para raja | sang dipati ing Mêkah duk miyarsa ngling | nuhun anêkêm sirah ||
73. kang cinipta panêdhaning nguni | katarima ing Hyang Maha Mulya | ki arya alon ature | mugi tulusa antuk | pangèstunta kang jabang bayi | paduka sungi aran | kyana patih muwus | arane iki Si Ambyah | benjang sugih pêparab sutanta iki | manut ing kaprawiran ||
74. wruhanira kakang rare iki | ingsun ingkang angaku tanaya | anadene prabeyane | pitung unta mas tatur | lajêng mundhut mas pitung sapi | prapta sampun tinampan | langkung dènnya nuhun | ki dipati ngawe prapta | jabang bayi katur ing
--- 1: 81 ---
apati[28] malih | putrane ingkang raka ||
75. tinampanan maring kyana patih | tiningalan anèng wêntis kiwa | Radèn Ambyah nèng têngêne | Kya Patih Betaljêmur | dangu dènnya ngiling-ilingi | mèsêm rêkyana patya | kabêlêt gumuyu | rare iki asêmbada | sirah bundêr têrus lan wadana tuwin | rambut barintik abang ||
76. amidara wadanane iki | besuk kakang kêlamun diwasa | julig akèh kabisane | sêmbrana andalurung | anguthakil tungtung basiwit | kaworan anyalunthang | buh-imbuh ambêsur | sathithik rada ngalunyat | kabisane sarta prawiraning jurit | sangang puluh sasanga ||
77. lamun umur tri taun ing benjing | kaki-kaki kêna dèn karenah | ngukruk wus kêna duwèke | umura sangang taun | bisa ngutil padha alinggih | tan ana kang karasa | ilang duwèkipun | yèn umur sapuluh warsa | bisa maling nugêl sirahing bupati | iya ora konangan ||
78. lêlumpate rareki ing benjing | padha lawan kêraping turăngga | sawidak asta umbule | mancolot amalêncut | swidak asta bênggang lan siti | kêkêjêr akêkayang | yèn kala malêncut | ing tigang pamucang bisa | yèn kasuwèn tan bisa runtuh pribadi | gumyak ingkang miyarsa ||
79. akèh para ratu padha sêdhih | yèn atangguh ngasmaradilaga | saksat kênèng sambang rawe | saya suka gumuyu | jarijine pating guriming | yèn nora ngêpak-êpak [ngêpak-ê...]
--- 1: 82 ---
[...pak] | êndhasing pra ratu | sadina agêrahuyang | nanging apik tan arsa ing para mantri | kêlamun kagêpoka ||
80. jarijine age dèn wisuhi | kipa-kipa langkung datan arsa | mung sirahe raja bae | kakang wêruhanamu | karo iki sun aku siwi | sun awèh mas saunta | dadya beyanipun | nuwun Sang Dipatyèng Mêkah | inggih tuwan parabana rare iki | kyana patih ngandika ||
81. ngong jênêngkên Umarmaya iki | poma aja dera wèhi pisah | tunggalêna saparane | lan Si Ambyah sutèngsun | pan lawêne kêlawan sari | anuwun ki dipatya | jabang bayi sampun | kalihe wus tinampanan | gya binêkta lumêbêt dhatêng jro puri | kyana patih anulya ||
82. sigra nêmbang têngara tinitir | bêdhog baris pangajênging lampah | kadya robing samodrane | sang adipati tumut | ngatêrakên lampah nèng margi | prapta ing lêlampahan | tigang dalu wangsul | kalihe arêrangkulan | mêdhot onêng rawat waspa kalih sami | kesah samya kasmaran ||
14. Asmaradana
1. wus lêpas lampahing patih | wau dipati ing Mêkah | sêmana mijil waspane | gya jajahan ingundhangan | kinon saos sanggrahan | tanapi sugatanipun | kondur dipati ing Mêkah ||
2. wadyèng Mêkah agêng alit | sabudhale kyana patya | nyênyêd lir mêntas kêpatèn | laju èstri wong ing Mêkah | lair batine trêsna |
--- 1: 83 ---
maring Patih Betaljêmur | dènnyambêk balaba arja ||
3. kingkin ing tyas sanagari | dadya sato manuk samya | ambelani prihatine | kêkayon tan ana obah | sênadyan kang maruta | kadya nimbangi gung wuyung | angin tan ana lumampah ||
4. kamisaksat sanagari | tontonên duk maksihira | kyana patih sabalane | gumuruh sadina-dina | wadya lit samya sêgah | malah ta balabar sêkul | agung tasik pêpanganan ||
5. samangke nyênyêd saha mring | wau ta sang adipatya | wus praptèng praja ngêdhaton | wuwusên ingkang lumampah | kyana patih wus prapta | talatahirèng Mêdayun | caraka atur uninga ||
6. caraka praptèng nagari | katur sang raja taruna | yèn Betaljêmur praptane | sang nata nuju sineba | prapta nampani surat | lajêng pinariksèng prabu | ngandika mring Patih Baktak ||
7. hèh Baktak si bapa prapti | saiki misih nèng marga | undhangana wadyaningong | pan ingsun arsa mêthuka | Patih Baktak tur sêmbah | gusti sampun tuwan mêthuk | Betaljêmur wong punapa ||
8. duk miyarsa narapati | ing ature Patih Baktak | sang nata sugal wuwuse | Si Baktak iku wong apa | mangkono ucapira | rama aji kang sun gugu | wêwêlinge marang ingwang ||
9. kinèn ngaku bapa mami | maring Betaljêmur Patya | saksat sugêng rama katong | amomong jênêng manira | andhêku Patih Baktak | nulya ingundhangan [ingundhang...]
--- 1: 84 ---
[...an] sampun | para nata pra dipatya ||
10. punggawa satriya mantri | samêkta sanengganira | sang nata jêngkar ngêdhaton | ing dalu tan winurcita | enjang Sri Maharaja | Nusirwan sigra angrasuk | busana lajêng tumêdhak ||
11. gumuruh swaraning dasih | sang nata wahana liman | têngara bêdhol barise | kumêrab saking wiwara | prapta jawining kitha | wutahing wadyabala gung | kadya trunaning udaya ||
12. sadaya kang para aji | samya wahana dipăngga | langkung sae pêlanane | lawan sang sri maharaja | pasadon naga raja | talajug rinaja tatur | angkên wimbaning baskara ||
13. kadya ru-ara kang bumi | orêg kambah gunge bala | tanpa têpi bêlabare | wuwusên kang sampun prapta | anèng tanah ampeyan | Kyana Patih Betaljêmur | miyarsa nata tumêdhak ||
14. bala pangajênging baris | wus panggya samya pangarsa | kya patih balane mire | mêdal sajawine marga | sagung tunggul daludag | bandera barise ngayun | atembak kang balakuswa ||
15. sadaya para dipati | mire sajawine marga | kalawan kang bala kabèh | Betaljêmur duk tumingal | lamun sang nata têdhak | dipangganira jinêrum | kya patih lumakwèng dharat ||
16. Sang Aprabu Nyakrawati | mulat Betaljêmur têdhak | jinêrumakên limane | asarêng paran-pinaran | lawan sri maharaja | tundhuk sira Betaljêmur | mêndhak sarya apranata ||
17. sang
--- 1: 85 ---
nata nyandhak tumuli | datan sinung awotsêkar | samya têtabean bae | kabêkta minggah mring liman | nunggil pêlana rêtna | Patih Baktak nyandhak angkus | minăngka saratinira ||
18. têngara budhal sang aji | gumuruh bala wurahan | lir kocaking sêgara rob | wontên kukila rong somah | munya nginggil pêlana | atêbah dènnya tut pungkur | kagyat sang sri maharaja ||
19. Kya Patih Baktak bêbisik | matur mring Prabu Nusirwan | gusti paduka pitakèn | artine kang pêksi munya | pun bapa kadi wikan | angandika sang aprabu | lah ta bapa jarwanana ||
20. Betaljêmur matur aris | punika pêksi besanan | bêluk lawan pêksi darès | bêluk ingkang urun lanang | pun darès anênêdha | têtukone desa suwung | amung kêkalih kewala ||
21. pêksi bêluk ananggupi | kêlamun Ki Patih Baktak | tulus ing kapatihane | nadyan mintaa sadasa | desa suwung tinêkan | yèn salin pêpatihipun | desa siji tan tinêkan ||
22. angguguk Sri Nyakrawati | sarwi nglirik Patih Baktak | kêlangkung ebat sang katong | dene Betaljêmur wikan | artine pêksi munya | ya ta wau lampahipun | sang nata praptèng jro pura ||
23. Betaljêmur wus pinanci | salêksa tanah pijajar | pinisêpuh pilungguhe | tinari binapa-bapa | yèn kala siniwaka | jajar kèrine [kèri...]
--- 1: 86 ---
[...ne] sang prabu | samya munggwèng padmasana ||
24. ing wijahan palowani | Betaljêmur ing wurinya | kang cêlak lawan sang katong | sagung para ratu têbah | miwah Ki Patih Baktak | kunêng lamine winuwus | sang nata enjang sineba ||
25. punggawa satriya mantri | supênuh ing panangkilan | miwah ingkang para katong | aglar adining amănca | prawira dining kanang | punggawa gung kawan èwu | para mantri wolung lêksa ||
26. kawan lêksa wismèng jawi | maju pat kang kawan lêksa | kang kawan lêksa wismèng jro | kajawi mantri lubalang | sadaya wolung lêksa | pra dipati kawan èwu | kang samya măncadipraja ||
27. wau ta sri narapati | wus mungging ing singangsana | ing ngarsa para natandhèr | miwah manggalaning praja | ingkang cêlak sang nata | mung Ki Arya Betaljêmur | agathuk kang singangsana ||
28. lir sasăngka kapit dening | sirat ujwalaning nata | Ki Betaljêmur karyane | măngka pinituwa-tuwa | kèdhêp saaturira | abipraya ngèsthinipun | salire praja dikara ||
29. dangu sang nata tinangkil | wontên mantri tur uninga | tampingan juru langlange | panêkare ulubalang | gèn dhusun kabaktakan | kathah tiyang arubiru | ing sawêngkoning ki patya ||
30. padhusunan kathah sêpi | kang tumut Kya Patih Baktak | ing kajuron ing pakundhèn | tilar kitri bale omah | dening Ki Patih Baktak | nora kêna janma luput | anggung natrapakên [natrapa...]
--- 1: 87 ---
[...kên] dhêndha ||
31. linud ingkang tilar kitri | jinarah ingkang ngungsenan | tyange sami dipun bêlok | parantean ting karêncang | cêngkalak ting galethak | talikungan ting pêrkungkung | paseban ing kabaktakan ||
32. datan ngajèni pêpati | wus katur marang sang nata | yèn akèh wong tinggal bale | omah sang nata ngandika | pangalasan tutura | Si Baktak iku arusuh | ngrèh jajahan tanah wăngsa ||
33. Patih Baktak dèn dhawuhi | dènnyanggung ngupaya karya | wong jajahan manggung gègèr | tinggal kêbo bale omah | dènnyanggung pinidosa | Ki Patih Baktak tumungkul | sang nata malih ngandika ||
34. hèh sagung mantri bupati | Si Baktak iku kuthila | akèh wong jajahan gègèr | dening tingkahe kang murka | arda tur siya-siya | besuk ing jajahan ingsun | suwung amarga si murka ||
35. nora pinuju si anjing | amatihi jênêng ingwang | dene solahe mangkono | nora măntra rumêksaa | rusaking prajaningwang | panujune Baktak iku | patinggi desa kang kiwa ||
36. atunggua desa sêpi | karang cèlèng pajingklongan | patut gone si mêngkonok | Kya Patih Baktak miyarsa | dukane sri narendra | tumungkul ngusapi êluh | wruh lamun kadudonira ||
37. ngandika sri narapati | arsa sêsèrèn manira | marang ing si bapa manèh | amatihana nagara | iku sayogya ngrasa | bapa Patih Betaljêmur | bisa
--- 1: 88 ---
karya ayuningrat ||
38. wêlinge jêng rama aji | kinon anut ing aturnya | mring si bapa pituture | nanging Betaljêmur wikan | jro kitab Kadam Makna | dene dudu pêsthinipun | matihi Prabu Nusirwan ||
39. Si Baktak iku kang pêsthi | matihi Prabu Nusirwan | nging Betaljêmur ature | ing sri sagah maluyakna | desa kang samya rusak | sukèng tyas sira sang prabu | kondur maring dhatulaya ||
40. Betaljêmur sigra mulih | anganthi Ki Patih Baktak | kang sewaka bubar kabèh | amung Kyana Patih Baktak | lajêng maring pijajar | tut wuri mring Betaljêmur | panggêr-anggêr[29] ngrèh wong desa ||
41. wus mulya kadya ing nguni | samya paran-pinaranan | datan ana walangatos | ingkang lampahan sadina | rong dina têlung dina | nèng marga sami rahayu | tan ana wigênanira ||
42. katur ing sri narapati | suka arjaning wong desa | kunêng gantya winiraos | malih ing Mêkah nagara | yuswane Radèn Ambyah | ing wayah sapuluh taun | baguse saya kalintang ||
43. cahyane saya nêlahi | rêspati dêdêg pidêgsa | turut awijang baune | rurus ingkang pasariran | wus kadi ingongotan | wadana kadya binubut | mêmak wilis remanira ||
44. jaite netra amanis | pasêmose awilêtan | tur ruruh sulêksanane | jatmika jait apasang | andhap lungiding cipta | wiweka waskithèng tanduk | ambêk santa budi [bu...]
--- 1: 89 ---
[...di] darma ||
45. dadya sambating akingkin | pêpujine rara kênya | lulut sagung rare-rare | piturun Hyang Maha Mulya | èsême pait kilang | yèn ngucap lir madu juruh | turase nabi sri nata ||
15. Sinom
1. awisayèng kaprawiran | sudibya maring kawanin | kalintang prakosanira | maksih rare surèng wèsthi | prawira anglangkungi | mantêp tatag tur atangguh | kang rama langkung suka | ketang panêdhane nguni | tinarima ing gusti kang sipat rahman ||
2. sami lawan Umarmaya | yuswanira sang apêkik | sami sadasa lumampah | tan pisah akonthal-kanthil | Umarmaya winarni | ana wadane ambêsur | wagêd karya upaya | bisa ngrenah kaki-kaki | yèn wicara bisa akarya lêlumpat ||
3. pan kadi rare kajiman | barang solah nyalawadi | mendah lamun diwasaa | wiweka julig awêgig | cucud kapati-pati | dhasar warnane wèh wuyung | bundêr ingkang wadana | remane abang barintik | awak irêng ngalunyak kaduk sêmbrana ||
4. dêdêg pêthèsèl kêpalang | nanging pundhake anglêngi | netra manira ngatirah | alise agung cinincing | lambe jongor amanis | yèn angucap tungtung guyu | kang swara erak-erak | wilête sêmu alindri | têmbung manis ngalunyat rada naracak ||
5. nora nganggo milih papan | naracake pêrakati | asêmbrana parikêna | anguthakil sêmu manis |
--- 1: 90 ---
melikan sêmu drênggil | maksih sêdhêp tibanipun | adêlap tiba ladak | anyalunthang mêlasasih | akalahan anggung ngêpak-êpak sirah ||
6. alimpad pasang graita | wiwekanya angêntèni | atitih lamun wicara | angên-angêne undhagi | awignya pasang yogi | waskitha ngêningkên kathung | kêbat tatag têngginas | lumuh kênil kudu ondhil | pothèt lamun akarya sandi upaya ||
7. melikan tan karêm dunya | apan nora nêdya sugih | emanan nanging balaba | Ambyah Marmaya winarni | amêng-amêng mring jawi | aningali rare gêlut | prapta Marmaya mojar | Ambyah mêtua dèn aglis | apan sira rare iku kang tinantang ||
8. rare ingkang gagêlutan | arame banting-binanting | suka kang samya tumingal | ya ta na rare sawiji | sigra dènnya marani | Rahadèn Ambyah jinagur | sarta jinêngkang-jêngkang | Radèn Ambyah mèsêm angling | Umarmaya anggêtak kinèn malêsa ||
9. lajêng malês Radèn Ambyah | rare cinandhak binanting | amalêdug balungira | pêcat sarandune kulit | kulit pating saluwir | jisime kari sacakup | awor kêlawan lêmah | kang duwe anak anangis | amilungguh dhumatêng ki adipatya ||
10. wus samya kinèn matara | gênge rare kang binanting | lawan sira Radèn Ambyah | malah iku andhingini | rare ingkang binanting | lawan ta wus limrahipun | rare padha dêdolan |
--- 1: 91 ---
sapa wruh prapta ing pati | nora dadi bicara mantuk kewala ||
11. sira Radèn Umarmaya | angajak dêdolan malih | sami ningali brahala | kabuyutane wong kapir | ingkang sami anunggil | nèng jro Mêkah wismanipun | anggung dina pinuja | kabuyutan dèn sajèni | warna-warna adi-adi pêpanganan ||
12. tanapi sinungan dhăngka | ing wuri kinêbon sami | rare kalih sampun prapta | manjing gêdhong aningali | sajène warni-warni | damare pating pêlancur | rêcane sinumpingan | sajène sampun dèn ambil | dera Ambyah kalihira Umarmaya ||
13. panganan samya pinangan | damar murub dèn patèni | kang atunggu wong satunggal | srêngên anggawa gêgitik | sarta ngujar-ujari | Umarmaya kang dèn nambul | gitik inganggar-anggar | monyèt iki kang marahi | angalunyat kaya wong bagus-bagusa ||
14. rupamu ambajing alas | ambêlêr ngudubilai | mati dak gêbug mêngko ta | rêraimu kaya bêthik | Umarmaya ngoncati | ampingan nèng wurinipun | Radèn Ambyah gya nyandhak | kang tunggu gêdhong binanting | balung rêmuk awor lêmah kapisanan ||
15. dhăngka wau ingobongan | kabuyutane kabêsmi | kagyat tandang wong sadesa | sêdyane anjêmpalani | maring rare kêkalih | anon yèn kancane lampus | jisim kadya ginubah | kêkês wurung jêmpalani | lanang wadon samya angrawus [a...]
--- 1: 92 ---
[...ngrawus] kewala ||
16. gumêtêr anguman-uman | wus kesah rare kêkalih | sigra kang duwe brahala | milungguh mring ki dipati | lumampah jalu èstri | prapta sang dipati muwus | lah ana karyanira | matur kang milungguh sami | Radèn Ambyah matèni wong tunggu dhăngka ||
17. lawan ngobong kabuyutan | ngandika sang adipati | manira tan bisa nyêgah | lan ingsun nora malangi | sakarêpira dadi | maring rare roro iku | ya ta kang duwe dhăngka | mênêng wêkasane wêdi | sinakarêp wêkasan mantuk kewala ||
18. wau Sang Dipatyèng Mêkah | kang putra dèn andikani | kêlawan Ki Umarmaya | lingira sang adipati | sirèku rare kalih | padha dêdolana mêtu | aywa sajroning kutha | kalunta-lunta atêbih | sakarêpmu sajabaning kutha kana ||
19. sigra umêsat dêdolan | tan pisah rare kêkalih | maring sajabaning kutha | saparane konthal-kanthil | nulya wau ningali | kêbon akèh kurmanipun | gya sira Umarmaya | malumpat wus praptèng nginggil | ngundhuh wohe kurma matêng wus pinangan ||
20. Radèn Ambyah duk tumênga | kêlangkung dènnya kapengin | kakang ingsun uncalana | kurma kang matêng sathithik | Umarmaya tan angling | eca sêsêndhon angidung | sarwi amangan kurma | cinêluk dèn jêjaluki | sarêng nolèh Marmaya sarêng anyêntak ||
21. yèn sira rêp mangan kurma | ywa sira ambalêbêgi |
--- 1: 93 ---
bok mènèk dhewe ta sira | padha duwe tangan sikil | tan kobêr angalêthis | anggung gawe cêlak-cêluk | Radèn Ambyah angucap | sira tan awèh sayêkti | Umarmaya saure tan awèh ingwang ||
22. miling-miling Radèn Ambyah | ngruruh kurma kang andadi | ingkang angêmohi arang | mung ênggone Marmayèki | matêng-matêng andadi | gya cinandhak uwitipun | binêdhol lajêng rungkad | Marmaya malembang aglis | sarya ngucap nyamuk-nyamuk mangan kurma ||
23. wau sira Radèn Ambyah | kurma matêng rêbah nuli | papah sampun ingancikan | nêdha sarya amilihi | ya ta Marmaya nuli | mudhun sarwi manthuk-manthuk | aris dènira mojar | Ambyah ngong anjaluk siji | aku iki kapengin olèhmu mangan ||
24. lajêng mèlu mangan kurma | Radèn Umarmaya nuli | amalêmbung akêkayang | anggung dènira sêsirig | eca dhahar wong kalih | kang duwe wit kurma wêruh | gya mêdal ngujar-ujar | sarwi anggawa gêgitik | kang sawiji wêruh lamun Radèn Ambyah ||
25. lah iku aja wong Menak | wus matèni wong kêkalih | binanting balunge rêmak | kang duwe kurma miyarsi | sing wangsane kang warti | wong roro sarêng lumayu | dandan maring jro kutha | milungguh mring sang dipati | yèn putrane roro sami ngrusak kurma ||
26. ya ta lajêng ingilenan | dhatêng ing sang adipati | sarêgine kurmanira | mangkana rahadèn kalih | prasamya aningali [a...]
--- 1: 94 ---
[...ningali] | maring wong kang ulah pupuh | apan ing nagri Mêkah | sabên taun ajar banting | anggêgulang kaprawirane ayuda ||
27. ing sabên-sabên mangkana | parisanira pênjalin | sawênèh junjung-junjungan | ana prajurit sawiji | punjul arang nandhingi | sabên-sabên mêtu wudhu | tan ana kang nglawana | sêsumbar acêrik-cêrik | sapa arêp mati manjinga kalangan ||
28. Ki Umarmaya angucap | sirambyah kang dèn sumbari | wong Menak alon angucap | dudu aku dèn sumbari | Marmaya ngucap malih | sarwi nyandhung sukunipun | iya sira tinantang | dhasare sirèku jêrih | nora wirang wong tinantang nora mêdal ||
29. sigra malêbèng kalangan | prajurit ika ningali | ana rare mring kalangan | pangucapira aririh | sira arsa punapi | malêbèng kalanganipun | wong Menak aris mojar | payo bantingên sun iki | wong punika gumuyu alatah-latah ||
30. mara sarwi ngusap-usap | sira kulup sun tuturi | ingsun iki sabên dina | watu kang sun karya undhi | têmah sun gawe siring | gênge padha lan awakmu | sun umbulkên ing tawang | watu gung katon sapêksi | anjunjunga ing sira măngsa gawêra ||
31. Radèn Ambyah lon angucap | lah mara bantingên mami | prajurit ika angucap | mêksa têmên sira iki | baya sira mêkasi | sigra cinandhak jinunjung | Radèn Ambyah tan obah | pinêksa jinunjung malih | kuwatira dinokok nèng
--- 1: 95 ---
astanira ||
32. parandene nora kangkat | malah tumètès kang gêtih | saking ing jarijinira | suku tumanêm ing siti | napase mêtwèng kuping | Radyan Ambyah tan kajunjung | lajêng gênti cinandhak | mungguh ing asta tininggil | dèn ubêngkên lajêng binanting ing kisma ||
33. dadya galêpung badannya | tan ana kalap samênir | wong kalangan samya bubar | sadaya ebat ningali | gumyah ingkang pawarti | saking bumintara kasub | yèn prakoswa kalintang | warnanên sang adipati | animbali putra kalih sampun prapta ||
34. Abuntalib Menak Ngabas | kang rama ngandika aris | kulup paran karêpira | prakara arinta dening | asring amêmatèni | akèh wong padha milungguh | kaya pa budinira | sudaa gagah sathithik | dene maksih rare gagahe kalintang ||
35. kulup baya arinira | ing yuwana wus ngisèni | ing wirayate pamêca | ing têmbe dadya prajurit | ing mêngko maksih cilik | besuk diwasane agung | dêrapon sêlamêta | mêne kulup karêp mami | sira pasrahêna maring sang pandhita ||
36. dêrapon maria gagah | dimène winuruk ngaji | Abuntalib Menak Ngabas | turira inggih prayogi | kang putra dèn timbali | Radèn Ambyah nulya rawuh | kêlawan Umarmaya | Menak Ngabas Abuntalib | nêmbah lèngsèr sarwi nganthi arinira ||
1 | Kurang dua suku kata: sing madoma masthikaning ingkang dadi. (kembali) |
2 | Tanggal: Saptu (Sêtu) sapisan (1) Dulkaidah (Dulkangidah) Be: tar sosik sabdèng ratu (AJ 1760). Tanggal Masehi: Jumat 22 Maret 1833. Perbedaan satu hari (Jumat vs Sêtu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata: de sang maha yasa wasita di. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: nagri Mêdayin dipun kithani. (kembali) |
5 | Witarêdya. (kembali) |
6 | Kurang satu suku kata: lan duryating manusa kalair. (kembali) |
7 | Eklaswajir. (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: angulona akramaa sira besuk. (kembali) |
9 | putrèstri. (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata: marang ing gon kang adhêmit. (kembali) |
11 | Biasanya guru lagu a: wêdhusa. (kembali) |
12 | Kurang satu suku kata: wetan kene ana wong aduwe wêdhus. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: saking ngarsanira rakyana patih. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: dening Sri Masir Raja. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: amanggih kamulyan malih. (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata: kya patih nêmbah matur. (kembali) |
17 | Kurang satu suku kata: samya dibya anung. (kembali) |
18 | sêmana. (kembali) |
19 | Radèn. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: wadya Mêkah tan ana kang dèn aubi. (kembali) |
21 | marawayan. (kembali) |
22 | wangsul. (kembali) |
23 | Kurang satu suku kata: sangang wulan amulih malih. (kembali) |
24 | suyud. (kembali) |
25 | dènnya. (kembali) |
26 | ngatasangin. (kembali) |
27 | Biasanya guru lagu i: puniki. (kembali) |
28 | apatih. (kembali) |
29 | anggêr-anggêr. (kembali) |