Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 68–88)
1. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
2. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 16–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
3. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 31–48). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
4. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 49–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
5. | Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 68–88). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
68. Kinanthi
1. binêlok salawe taun | wontên ing sumur gumuling | sang rajaputra ing Selan | tan pati antuk aguling | sêpuh wontên ing panjaran | Sang Rajaputra Sêrandil ||
2. langkung dènnya gêng aluhur | dêdêge rahadèn mantri | lah inggih satus sadasa | êgas nênggih kang winarni | kadange Sang Rajèng Laka | pawèstri ingkang taruni ||
3. agêng inggil dêdêgipun | nama Dèwi Prabandari | warnanira ayu endah | supêna ing wau ratri | punang langit katon bêdhah | nulya na plangkan nêdhaki ||
4. kang nitih wong sampun sêpuh | wau Dèwi Prabandari | sajrone supêna tanya | sintên kang tumêdhak iki | Nabi Êsis iya ingwang | arsa wèh wruh ing sirèki ||
5. jatukramanira iku | Sang Rajaputra Sêrandil | iya ingkang pinanjara | ana ing sumur gumuling | iya sira nini benjang | pêputra jalu tur pêkik ||
6. sira uculana gupuh | kang pinanjara nèng bumi | kagyat wungu sang lir rêtna | astane ginănda wangi | wruh yèn bêcik impènira | Rêtna Dèwi Prabandari ||
7. marang ing warangkan gupuh | pan sarwi ambêkta kikir | miwah sêkul lawan [lawa...]
--- 1: 379 ---
[...n] ulam | pawonganira kêkalih | kang umiring bêkta dharan | wus prantèng[1] sumur gumuling ||
8. gone wong têngga jinujug | wong Mêlaka satus gilir | Dèwi Prabandari lingnya | marang lurah ingkang kêmit | ingsun wênganana lawang | kagyat sadaya kang kêmit ||
9. de kadange gustinipun | sêksana dipun wêngani | wus prapta jrone warăngka | Lamdahur mèh angêmasi | saking sangêt sayahira | rante nêdhas marang daging ||
10. kagyat Rahadèn Lamdahur | aningali mring sang dèwi | sirèki wong ngêndi baya | apa ta arsa matèni | sumaur sang rêtnaning dyah | kawula putri ing ngriki ||
11. inggih kula kadangipun | Natèng Laka kang taruni | arsa nguculi mring sira | ing dalu kula angimpi | Nabi Êsis kang tumêdhak | awarah yèn sira benjing ||
12. ajodho kêlawan ingsun | pinêsthi karsaning Widi | têmbe sinung anak lanang | pêkik umadêg narpati | Lamdahur suka kalintang | miyarsa tuturirèki ||
13. bakal dadi kramaningsun | Rêtna Dèwi Prabandari | rante kinikir wus tatas | kang munggèng ing asta kalih | rante kang munggèng sarira | pinêdhot-pêdhot pribadi ||
14. rajaputra pan wus ucul | nulya kinèn dhahar aglis | sang rêtna pamit amêdal | poma ing panjaluk mami | karo kakang prabu aja | milu-milu kabêndoni ||
15. pan darma bae puniku | pakone Raja Sêrandil | rajaputra aris mojar |
--- 1: 380 ---
aja sumêlang ing ati | sang rêtna pan sampun mêdal | mantuk marang dalêm puri ||
16. sawusnya dhahar Lamdahur | pan arip kapati-pati | sigra kang rante sadaya | kinarya bantal aguling | angorok swara gêluran | kagyat sadaya kang kêmit ||
17. dene ta salaminipun | dèrèng ngorok kadya mangkin | pinariksa nyata nendra | wus ucul sakèhing tali | rante tinumpuk sadaya | kinarya bantal aguling ||
18. kang kêmit sadaya rêmbug | matur ing sri narapati | lampahira sampun prapta | ngarsane narendra kalih | dhuh gusti atur uninga | kêlamun putra Sêrandil ||
19. Radèn Lamdahur wus ucul | sadaya kang rante wêsi | kang samya munggèng sarira | yèn karsa paduka aji | anyêpênga mumpung nendra | gya parentah para mantri ||
20. lah mara cêkêlên gupuh | mumpung iku mêksih guling | arsa tumandang kang wadya | Lamdahur kasêlak tangi | sugal dènira ngandika | nudingi sarwi macicil ||
21. arsa punapa puniku | aparsa nalèni maning | lah ta iya tutugêna | dèn apêrak lawan mami | yèn aja elinga marang | ing kadangira pawèstri ||
22. sun amuka sira gêmpur | kabèh sawadyanirèki | sang raja kalih lingira | pagene ngucapirèki | marang kadang sun wanodya | Lamdahur nauri aris ||
23. katur mula bukanipun | lamun kadange angimpi | dadya jatukramanira | sukèng tyas narendra kalih |
--- 1: 381 ---
sigra ingaturan mêdal | binêkta mring jroning puri ||
24. sapraptanya ing kadhatun | pinilala jinampèni | tan alami nulya waras | pinanggihakên tumuli | lan ingkang rayi wanodya | ya Sang Rêtna Prabandari ||
25. wus ingadêgakên ratu | nèng Malaka nyakrawati | kathah pra mănca miyarsa | Gêdhah Tatar Jahor Jambi | Siyak Siyêm Sokadana | Salok Salebar Patani ||
26. ing Padhang Têrganu Nglampung | Bênggala Băngka Surati | Salêngur Anggris Maldewa | Ngacih Sêpanyol Paracis | Ngolan Minangkabo padha | sadaya miyarsa warti ||
27. yèn Alamdahur wus ucul | mangkya madêg narapati | wontên nagari ing Laka | dene sang raja kêkalih | sira Orang lan Kaorang | nyenapati ngapit-apit ||
28. among mênggalaning kewuh | sang raja kadang kêkalih | dadya pramănca narendra | samya cipta pan awiwrin | mêngko manèh wong wis tuwa | duk lagi mêksih bêbayi ||
29. êmbane binithi lampus | sabisanira lumaris | matèni sakèhing gajah | mêngko wus madêg nêrpati | mendah si dene digdaya | angur anungkula aris ||
30. măngsa ta wurunga iku | anggitik nagri Sêrandil | ya ta sagunge pra mănca | seba mring Malaka nuli | samya bêkta guru bakal | dadya panungkulirèki ||
31. mangkana Prabu Lamdahur | mundhut rêratusan wêsi | pan arsa akarya gada | sakathahing wêsi
--- 1: 382 ---
prapti | sagunging pra mănca seba | samya pinundhutan wêsi ||
32. nulya sakathahing êmpu | sanagara dèn timbali | pandhe munggèng panangkilan | pitung dina pitung bêngi | gada lagya kinikiran | Lamdahur anjajênêngi ||
33. gada wawrat sèwu satus | kati mas wêsi pinêthing | warna-warna rêracukan | wêsi ingkang mandi-mandi | pasikêpaning tinatah | tinatirah mantên wilis ||
34. patik nawarêtna murub | hèr laut lawan hèr bumi | awak-awaking kang gada | dinulu ambalêrêngi | kadya surya nèng jro gada | linarap kênyaring bindi ||
35. ebat sadaya kang dulu | dene agênge kang bindi | tan ana kang para raja | darbea gada kadyèki | Lamdahur munggèng amparan | pangandikanira aris ||
36. gawanên mring ngarsaningsun | gada iku yèn wis dadi | punang pandhe aturira | tiyang satus tan kuwawi | nulya kinathahan tiyang | kalih atus tan kuwawi ||
37. kinèn ngangkat samya junjung | wong tigang atus tan osik | Lamdahur sigra tumêdhak | gada cinandhak pribadi | jinunjung pan sampun kangkat | nèng asta tininggil-tinggil ||
38. inguncalakên mandhuwur | sinăngga ing asta kering | ingulukkên asta kiwa | asta kanan ananggapi | dadya mêng-amêngan gada | gawok sagung kang ningali ||
39. mundhut dipăngga sang prabu | kang ngluwihi saking èsthi | nulya wau sinaosan | dipăngga agêng pribadi | nênggih wastaning kang gajah | aran pun mêgaloningsih [mêga...]
--- 1: 383 ---
[...loningsih] ||
40. sinung sakothawa murub | lêlawak kang palana di | tatêlajug rinumpaka | rinawisan mantên wilis | palipit kinumbalèng mas | sigra sang nata anitih ||
41. saha ngundha gadanipun | tanya marga mring Sêrandil | Sang Prabu Orang Kaorang | turira dipun aririh | kawula pan dèrèng undhang | ing prajurit pra dipati ||
42. kèndêla ing tigang dalu | kadi samêktèng ajurit | sang nata nurut kewala | ing ature prabu kalih | Mahraja Orang Kaorang | punggawane dèn undhangi ||
43. antara ing tigang dalu | sampun sumêkta kang baris | budhal saking nagri Laka | gêgaman awarni-warni | tunggul daludag kakăndha | sapayung agung tulya sri ||
44. satabah-tabuhan umung | wadya gung numpak jêladri | ing laut tan kawurcita | dènnya layar tigang ari | mêntas sadaya kang wadya | mungkur lajêng mring Sêrandil ||
69. Pangkur
1. nahên gêntya winurcita | nagri Selan sampun miyarsa warti | miwah Sahalsah angrungu | yèn Alamdahur prapta | samya giris punggawa myang para ratu | dènnya wus kasup kasusra | Lamdahur prakosèng jurit ||
2. orêg gègèr sanagara | dene mêngsah ngancik ing têpis wiring | pulo kathah sami nungkul | samya asrah bongkokan | samya ajrih lokane Prabu Lamdahur | gêng aluhur dêdêgira | prakoswa anglêliwati ||
3. otêr sanagara Selan | pra dipati prapta sawadyanèki [sa...]
--- 1: 384 ---
[...wadyanèki] | prasamya abaris tugur | myang sagung para raja | ingkang putra Radèn Jebul sigra matur | ing rama Prabu Sahalsah | kawula kang mapag jurit ||
4. inggih yudane pun kakang | jêng paduka têtêpa păncaniti | Prabu Sahalsah tumurut | ing ature kang putra | binêktanan bala sayuta kang magut | nêtêg têngara gumêrah | punggawa sèwu kang ngiring ||
5. lawan mantri kalih lêksa | pan salêksa gêgaman kang lumaris | atata sajuru-juru | prapta jawining kitha | pan anganti saha bala barisipun | warnanên Sang Natèng Laka | sabalakuswa wus prapti ||
6. pêtêng plêtuking bantala | lamat-lamat tunggul abra kaèksi | bala matur ing Lamdahur | yèn mêngsah mêthuk mêdal | angundhangi bala Sang Prabu Lamdahur | hèh kabèh aywa na yuda | ingsun dhewe kang ajurit ||
7. padha suraka kewala | Alamdahur mêlak dipangganèki | balane Jebul andulu | ana dhuwur angengglang | ngebatakên sarwi ngundha gadanipun | Sang Jebul kaduwung ing tyas | dènira amapag jurit ||
8. mojar mring para dipatya | yèn lawanên ki raka aprang tandhing | sapa kuwasa amagut | payo barênga kathah | pan sandika pra dipati aturipun | saksana sarêng tumandang | kang nitih turăngga èsthi ||
9. bala ing Laka sumahab | Alamdahur anêngah ing ajurit | suraking bala gumuruh | angabênakên gada | pra dipati kang katiban ajur mumur [mu...]
--- 1: 385 ---
[...mur] | rêmuk lan dipangganira | miwah kang nitih turanggi ||
10. ajur lan turangganira | rangkêp tiga sêkawan lan kang nitih | katiban gada malêdug | luluh lumrèng bantala | pan akathah punggawa ingkang kapupu | kang kari giris tumingal | mawur malêdug angisis ||
11. samya lumayu mring kitha | tutup lawang pasang palatar sami | bala ing Laka tut pungkur | larène kutha Selan | sap pêpitu karêtêg binubrah sampun | pamrihira wong jro kitha | kandhêga mungsuh kang prapti ||
12. aywa na kongsi anabrang | wong Sêrandil angrakit gutuk api | prasamya minggah ing panggung | ya ta bala ing Laka | kèndêl anèng jawining larèn kang pintu | Prabu Lamdahur tumêdhak | saking pun magêloningsih ||
13. sigra anggulinggên gada | kang kinarya uwot bala lumaris | prapta larèn kaping pitu | sabên larèn satunggal | inggih gada kang kinarya uwotipun | mangkana sampun ingêntas | gadane sri narapati ||
14. marêpêki pagêr bata | tigang cêngkal kandêle kuthanèki | prandening ginada gêmpur | kari panggung kewala | sapêmanah jêmbare pagêr kang gêmpur | wadyèng Laka manjing kitha | malêdug bala Sêrandil ||
15. lir pinusus gègèrira | ingkang paman maksih nèng păncaniti | arêmbag sami anungkul | sampun mêthuk kamulyan | Alamdahur kêlawan sawadyanipun | lajêng marang panangkilan | pinêthuk mring paman aglis ||
16. Raja Sahalsah mangrêpa | mring kang
--- 1: 386 ---
putra amung aminta urip | Prabu Lamdahur wus lungguh | ing patarana êmas | pra dipati punggawa satriya ratu | samya ngabêkti sadaya | mangkana sri narapati ||
17. umadêg malih narendra | nèng Sêrandil luhur jênêngirèki | rong lêksa lan pitung èwu | cacahe kang punggawa | nagri Laka pinaringkên malih sampun | mring Raja Orang Kaorang | nanging awismèng Sêrandil ||
18. Prabu Lamdahur ngandika | mring kang paman paran karsanirèki | Raja Sahalsah amuwus | ingsun tan darbe karsa | pati urip ingsun ana ing sirèku | nanging ingsun kirim sabda | marang pangidhêpan mami ||
19. duk ingsun madêg narendra | tur uninga marang Prabu Mêdayin | iku ratu pinisêpuh | ing mangke ingsun kalah | dening sira sira kang umadêg prabu | pêsthi ingsun tur uninga | marang Prabu Nyakrawati ||
20. Lamdahur langkung bramatya | mring kang paman sira lungaa aglis | miliha pulo kang agung | prajane êngganana | anggawaa bala sasênêngirèku | lah age gawaa bala | prajurit kang bêcik-bêcik ||
21. ywa tanggung aywa kêpalang | sun bandhani sira mungsuh lan mami | anyambata para ratu | kang gagah widigdaya | pètên sraya tandhingna kêlawan ingsun | nanging ta nuli lungaa | nèng kene ngêsêli ati ||
22. yèn wis anèng nagri liya | sakarêpmu nuli lungaa aglis | maring pêpundhènmu iku | lawan sira tutura | pêpundhènmu ratu ing Mêdayin iku | yèn taun iki [i...]
--- 1: 387 ---
[...ki] tan prapta | anêkani marang mami ||
23. iya dèn arêp-arêpa | nora mundur ing ujar ingsun iki | nuli lungaa dèn gupuh | yèn sira nora lunga | sun antêbi gada mêngko rêmuk rêmpu | Raja Sahalsah wus kesah | ambêkta bala sakêthi ||
24. dumunung nagri Salebar | kaprênah lèr kilèn nagri Sêrandil | sapraptanira ing ngriku | Sahalsah madêg nata | ing Salebar kawêngku Sêrandil iku | Lamdahur kang kawarnaa | agung bojana ing dasih ||
25. kang garwa wus pinondhongan | saking Laka Sang Rêtna Prabandari | agung kasukan anutug | langkung dènnya wibawa | pan nagari bawahangin kabèh suyud | agung sayoga gêgaman | balane kinati-kati ||
26. punggawa kang nitih gajah | tigang èwu bupati bêcik-bêcik | kang nitih gudalba sèwu | punggawa sasêliran | kang rong nambang nitih karêndhi lan sênuk | nitih ngrimong adal-adal | mèmrèng andaka lan kuldi ||
27. sayuta nitih turăngga | warna-warna punggawa ing Sêrandil | kang măngka pêpatihipun | Prabu Orang Kaorang | angrèh ratu wêdana pan kawan atus | sabên wêdana satunggal | ngrèhakên satus nagari ||
28. ratu kang ingangkah kadang | ingkang samya kêkuwu nèng Sêrandil | ing Gêdhah Trêngganu Nglampung | Nginggris Prasman Maldewa | ing Sêpanyol Paracis lan Băngkaulu | Siyak Siyêm Sokadana | Tulangbawang Jahor Jambi ||
29. Surati Salok Manila |
--- 1: 388 ---
Minangkabo Bênggala myang Patani | Ngambon Suwila Salêngur | Palembang lan ing Tatar | Ujunglepang ing Acih lan Talimêngkur | samya ratu gagah-gagah | ginulang-gulang mêmanis ||
70. Dhandhanggula
1. kunêng wau nagari Sêrandil | kawarnaa kang anèng Salebar | Prabu Sahalsah karsane | utusan mring Mêdayun | anênurat sri narapati | samula bukanira | solahe Lamdahur | kang kalêbu jroning sêrat | sêrat ibêr mêngku carita narpati | tingkahe Raja Selan ||
2. kadya unggyan carita mangsuli | anyêlani kăndha nagri Selan | dene liya wiwitane | nunggil wêkasanipun | kadya sapanglaire nguni | lawan ing jaman Arab | agênti cinatur | utusanira Sahalsah | pêngalasan sadasa marang Sêrandil | ing marga tan winarna ||
3. sampun prapta ing nagri Mêdayin | nuju sang nata miyos sineba | andhèr ratu punggawane | duta tumamèng ngayun | ki apatih ingkang kinapti | matur ngaturkên sêrat | tinampanan sampun | lajêng katur mring sang nata | kinèn buka amaos rêkyana patih | têmbunging punang surat ||
4. cinaturkên duk purwanirèki | Alamdahur kalairanira | katur satingkah-tingkahe | mangkya wus madêg ratu | langkung gagah prakosa luwih | aturipun Sahalsah | katur ing pukulun | pun Lamdahur sring cêcikat | wus sanengga arsa mêrêp paduka ji | sampun ngundhangi
--- 1: 389 ---
bala ||
5. yèn suwawi lan karsa narpati | luhung inggih kinariyinana | ginitik pisan kithane | yèn tan mêkatên nêngguh | yêkti dadra nagri Sêrandil | mantun uningèng tuwan | têmah dadya mungsuh | lamun kongsi lumuruga | pun Lamdahur arisak nagri Mêdayin | yêkti kang para raja ||
6. mantuk angidhêp ing paduka ji | pêsthi ngidhêp Sêrandil sadaya | para ratu pangidhêpe | gantyani pinisêpuh | pinalêpas sêrat wus titi | ingkang mêngku carita | wong Mêdayin ngrungu | sadaya gêtêr ing manah | dènnya myarsa kuwate Natèng Sêrandil | prawira widigdaya ||
7. sugih jajahan pirang nagari | Alamdahur abala bacingah | abang putih irêng duwe | kang irêng wadyanipun | wong Bênggala lawan Surati | dene kang bala pêthak | Prasman lan Salêngur | Sêpanyol Pracis Maldewa | kang wadya abang gih nagari Sêrandil | wonge abang sadaya ||
8. aluwaran dènira tinangkil | langkung dene prihatin sang nata | Baktak timbalana age | tumamèng jro kêdhatun | prapta ing byantara narpati | sang nata angandika | kaya pa budimu | Si Alamdahur pakoswa | nora kêna yèn sira nêngna saiki | nêkani marang sira ||
9. iya sapa yogyane tinuding | amarêpa Sêrandil nagara | rêkyana patih ature | inggih gusti pukulun | pun Kistaham lamun suwawi | pan balane sayuta | dene pun Lamdahur | mêksih pongah dèrèng wignya | pun [pu...]
--- 1: 390 ---
[...n] Kistaham sampun utamèng tur wêgig | awagêd yèn anyidra ||
10. pun Kistaham sêngadia nênggih | kesah saking paduka bêthara | dene asangêt merange | paduka amilaur | satriya Rab kang lagi prapti | pêsthi kandêl punika | dhatêng pun Lamdahur | anuntên pun Jayèngrana | tinimbalan kinèn anggitik Sêrandil | sayêkti pun Kistaham ||
11. wuwuh kandêl mring Natèng Sêrandil | dene atăndha pun Jayèngrana | sêdya nututi lampahe | amrih ing patinipun | pun Lamdahur pêsthi ngêkahi | awêgig pun Kistaham | suwita nênungkul | anuntên dipun racuna | pun Lamdahur mêksih bodho pêsthi kêni | sirna satru paduka ||
12. yèn Lamdahur sampun angêmasi | dene Kistaham nuntên pun Ambyah | dipun sêrandua age | yèn Ambyah sampun lêbur | botên wontên mêngsah sang aji | kêplok bokong Kistaham | pan sarwi anggugug | ngrasa bênêr anggitira | angandika Sri Bêthara Nyakrawati | yèn Ambyah sun undanga ||
13. yèn angrungu Si Kistaham dhingin | iya măngsa kêna sinirêpa | Si Kistaham ing lakune | pêsthi Si Jayèngpupuh | ingkang mopo ingsun timbali | iya gaweku apa | ngandika sang prabu | yèn kinèn bêdhah nagara | dene uwis ana kang tinuduh dhingin | ngong dadi tanpa karya ||
14. lah mêngkono pêsthi Jayèngmurti | Patih Baktak alon aturira | gusti mêkotên sarate | pun Kistaham pukulun | jinatenan [jinate...]
--- 1: 391 ---
[...nan] rasa puniki | nuntên tuwan miyosa | siniwèng wadya gung | amiraga rêrêmbagan | animbali pun Kêlana Jayèngmurti | pun Kistaham miyarsa ||
15. nuntên matura ing paduka ji | mêkatêna ature Kistaham | dèn rogoh sakit manahe | paduka sang aprabu | mêksih ngêla-êla pun Amir | kawula tanpa karya | nèng nagri Mêdayun | pun Ambyah sampun culika | paran dening pinilala dèn timbali | paduka pi-apia ||
16. ambêndoni sarwi anudingi | hèh Kistaham minggata kêparat | nèng kene apa pelage | măngsa pedaha ingsun | sok olèha Si Jayèngmurti | Kistaham nuntên kesah | kuningan wadya gung | pêthi rapêt botên rênggang | kadi botên pun Ambyah anyakrèng budi | kesahe pun Kistaham ||
17. kathah mirsa yèn tuwan dukani | amèsêm Sang Nusirwan lingira | lamun Si Ambyah marene | paran timbalan ingsun | Patih Baktak matur wotsari | mêkatên pangandika | hèh Ambyah sirèku | mulane sira sun undang | ingsun utus ambêdhah nagri Sêrandil | yèn kêlakon ing sira ||
18. lamun sira angaturna benjing | ing êndhase Lamdahur maringwang | nini putri sun wèhake | mendah si sukanipun | pun Kêlana Jayadimurti | măngsa wandea pêjah | dening pun Lamdahur | nadyan Ambyah tan pêjaha | mring Lamdahur Kistaham sagêd ngakali | yèn sampun wontên têba ||
19. Patih Baktak pan sampun winêling [winê...]
--- 1: 392 ---
[...ling] | anjatèni mring Raja Kistaham | wus mêdal saking pura ge | Kistaham prapta sampun | tinimbalan marang kya patih | dènira pagunêman | sêdalu anutug | anèng dalêm kapatihan | katanggapan pitungkase kyana patih | sangu wus pinaringan ||
20. kunêng dalu kawuwusa enjing | Sri Nusirwan miyos siniwaka | supênuh kang punggawandhèr | satriya para ratu | Betaljêmur wus munggèng kering | sang nata angandika | marang Betaljêmur | bapa paran budènira | Si Lamdahur arêp agêcak mariki | malah ta wus siyaga ||
21. yèn bêcike linurugan dhingin | angur nêkanana ywa tinêkan | sapa kang tinuduh mangke | bapa Si Jayèngpupuh | apa gêlêm ingsun timbali | sun utus lumuruga | mêrêp Si Lamdahur | yèn Jayèngmurti nyangkinga | ing Murdane Lamdahur sun ganjar putri | iya Nini Muninggar ||
22. Betaljêmur asru turirèki | dipun pêsthi sabda padukendra | kadya sagah samangsane | sampun sêsirahipun | nadyan têkan badane benjing | katur ing jêng paduka | kawula pukulun | kang kumandêl ing pun Ambyah | dimèn purun seba ing paduka malih | sang nata angandika ||
23. iya bapa undangên dèn aglis | Raja Kistaham sugal turira | hèh patikbra kalingane | mêksih milala iku | inggih dhatêng pun Jayèngmurti | kawula tanpa karya | nèng nagri Mêdayun | sêmantên dosane Ambyah | paran dening arsa pinaringan [pinaringa...]
--- 1: 393 ---
[...n] putri | sang nata api duka ||
24. andik macicil nudingi wêngis | hèh dèn inggal minggata kêparat | nèng kene apa pelage | kaya tatah warnamu | sakêthia pan ingsun nolih | sok ingsun abêcika | lan Si Jayèngpupuh | Raja Kistaham gya kesah | saha bala lorod saking ing Mêdayin | bêkta bala sayuta ||
25. Betaljêmur sigra anênulis | muni sarta timbalan sang nata | sigra umêsat dutane | kêbat lampahira wus | praptèng pasanggrahanira Mir | tumanduk atur surat | tinanggapan sampun | binuka sinuksmèng driya | wus kadhadha bêbukane animbali | mèsêm Sang Kakungingrat ||
26. angundhangi sagunging narpati | samya kinèn siyaga sadaya | seba tinimbalan manèh | marang kitha Mêdayun | samya suka sagunging dasih | mulat ing gustinira | mari brangtanipun | budhal sagunging gêgaman | tan kawarna praptèng jawi kitha nênggih | sang nata amiyarsa ||
27. nulya mêthuk saha bala mijil | sri narendra têdhak saking gajah | Sang Jayèngrana nulya ge | mlajêngi ing sang prabu | ngaras pada cinandhak aglis | ingaras kang lungayan | ngandika sang prabu | payo nitiha turăngga | Sri Nusirwan sigra anitih kang èsthi | budhal manjing jro kitha ||
28. sapraptanira ing păncaniti | para nata wus samya alênggah | satriya punggawa andhèr | myang Radèn Jayèngpupuh | samya munggèng ing
--- 1: 394 ---
palowani | mêdal kang pêpundhutan | pyaboga lumintu | muni kang gêndhing araras | abujana larih midêr kaping katri | sigra Ki Patih Baktak ||
29. maos sêrat saking ing Sêrandil | amiraga mirungu mring Ambyah | ngadêg asora unine | tutug pamaosipun | Sri Nusirwan ngandika aris | hèh Baktak kaya ngapa | sapa kang sun tuduh | amukul nagara Selan | Patih Baktak umatur sarya wotsari | nuwun patik bêthara ||
30. sapa sintên ingutusa gusti | pun Kistaham apan sampun minggat | kadya ta sangêt merange | dhatêng putra pukulun | kangjêng anggèr tuwan timbali | angraos ingkang awak | botên kapêlaur | inggih wontêna salêksa | pun Kistaham mênggah trêsna paduka ji | sami lawan satunggal ||
31. mênggah putra dalêm Pusêr Bumi | angandika Sang Prabu Nusirwan | hèh patih iya-iyane | dudu timbange iku | Si Kistaham pan iku abdi | sukèng ngong Jayèngrana | iya pan roh ingsun | nadyan anaa sayuta | Si Kistaham pedah apa iya patih | dudu timbang lan awak ||
32. Jayèngrana miyarsa wotsari | langkung nuwun sih kulina tuwan | sang nata pangandikane | paran patih budimu | alon matur rêkyana patih | langkung karsa paduka | pae duk rumuhun | satêksihipun Kistaham | kang nadhahi bot repot paduka aji | Jayèngmurti ngandika ||
33. hèh ta
--- 1: 395 ---
Baktak apa lingirèki | nora ane iya Si Kistaham | ingsun dadia lirune | êndi ta kang barênjul | ing Sêrandil ingsun kang gitik | yèn ana pangandika- | nira Sang Aprabu | Sri Nusirwan angandika | hèh sakèhe punggawa para dipati | tuwin satriya raja ||
34. sêksènana ujar ingsun iki | yèn Si Ambyah besuk angaturna | Si Alamdahur murdane | pun panggihakên besuk | iya lawan Ni Muninggarim | yèn ora kêlakona | aywa manggih ayu | ing jênêng ingsun narendra | Betaljêmur sigra têdhak dènnya linggih | anyandhak astanira ||
35. Jayèngmurti sinujudkên aglis | ing bantala ngarsa naradipa | wadya Ngarab use kabèh | punggawa para ratu | lêjar ing tyas marwata siwi | anyana gustinira | mari gènnya wuyung | tan ketang mungsuh awêndran | amundhuta rubuhe gunung Sêrandil | wong Arab tan suminggah ||
36. langkung suka ing tyas Jayèngmurti | cipta tulus kagêm ing sang rêtna | ing Umarmaya polahe | lênggak-lênggak macucu | angalètèr akirig-kirig | langkung de mangun suka | angling Jayèngpupuh | yayi mas ing Tambakrêtna | padha sira ngingon-ingonana dasih | myang sagung para nata ||
37. pinaringan sangu de narpati | winêtara kanggea sawarsa | sang nata pangandikane | mangkata besuk esuk | tur sandika Sang Jayèngmurti | kondur malêbèng pura | Radèn Jayèngpupuh | makuwon sawadyanira [sawa...]
--- 1: 396 ---
[...dyanira] | duk sêmana Radèn Wahas ingkang prapti | ingutus dening rama ||
38. angaturi Sang Wiradimurti | wong kêkalih lawan Radèn Maktal | aywa bêkta bala akèh | kerid ing lampahipun | tan adangu pijajar prapti | kalih prapta ing ngarsa- | nira Betaljêmur | anulya lajêng dhêdharan | Jayèngmurti cinidra dinarubêsi | niba sampun kantaka ||
39. dyan binêlèk baunira kering | pinancingan ratune panawar | ingusap waras tatune | ngandika Betaljêmur | hèh ki putra ing Ngalabani | aywa sira wêwarah | ing kakangirèku | miwah mring wong akèh iya | amung sira bae dèn prayitna kaki | rumêksèng kadangira ||
40. besuk kênèng racun nèng Sêrandil | lamun ana wong takon sêmura | besuk wêtokêna age | Radèn Maktal wotsantun | Jayènglaga dèn panawani | lênga wijèn lan jêram | pêcêl nulya wungu | Betaljêmur angandika | marang Maktal wanti-wanti gènnya mêling | poma dèn eling sira ||
41. ing solahe kakangira benjing | Betaljêmur ngandika mring Ambyah | poma sutèng ulun anggèr | dèn prayitna ing kewuh | arènira ing Ngalabani | ywa dera awèh pisah | anèng têba besuk | yèn pisaha sira tiwas | pêsthining Hyang dadi kanthinira jurit | ngratèng rat pramuditya ||
42. sarêng nêmbah satriya kêkalih | tan kawarna dalu lampahira | enjing samêkta balane | nêmbang têngara [tê...]
--- 1: 397 ---
[...ngara] umung | budhal bala panganjur jurit | anjujug panangkilan | baris ngalun-alun | nganti wiyose sang nata | pamit ngujung Kêlana Jayadimurti | marma nganthi sri nata ||
71. Sinom
1. warnanên kusumèng pura | benjing pinarak Patani | êmban Salaga tur sêmbah | kawula miyarsa gusti | Satriya Jayèngmurti | angandikan wingi rawuh | milane tinimbalan | wontên mêngsah badhe prapti | Ratu Selan ingkang abala bacingah ||
2. nênggih namaning narendra | Lamdahur agêng tur inggil | dêdêg satus sapuluh gas | gadane ngebat-ebati | wrat sèwu satus nênggih | kati mas wong tigang atus | angangkat datan kangkat | ingundha muluk wiyati | milanipun agêtêr rama paduka ||
3. satriya Rab Kakungingrat | kinèn lumurug Sêrandil | êbang-êbange sang nata | yèn bêdhah nagri Sêrandil | nuli ginanjar putri | pun Kêlana Jayèngsatru | kang kocap jroning êbang | pan inggih paduka gusti | kusumèng dyah gumujêng ing tyas marwata ||
4. kapan angkate ki besan | lumurug marang Sêrandil | êmban Salaga turira | inggih ing dintên puniki | biyang mêtua aglis | sira anamura laku | pêpikule wong Arab | gêgamêl lawan sêrati | êdumana wong sawiji nêlung reyal ||
5. êmban Salaga wus mêdal | ambêkta reyal sakêthi | anggili mijil butulan | para cèthi kang ngusungi | sadaya [sada...]
--- 1: 398 ---
[...ya] wus binagi | marang sagunging pêpikul | mangkana Sri Nusirwan | miyos munggèng păncaniti | amanggihi pamite kang andon yuda ||
6. sêksana Sang Jayèngrana | manêmbah ngaras pada ji | ngraup suku dalamakan | tuwan kantuna sang aji | patikbra nuwun pamit | angsala pangèstu prabu | ingaras kang lungayan | ngandika sri narapati | wis mangkata muga rahayuwèng marga ||
7. Ki Umarmaya tur sêmbah | marang Prabu Nyakrawati | pukulun tuwan kantuna | wibawa awèt siniwi | mugi tulusa inggih | dènnya dadya marasêpuh | Gusti Sang Kakungingrat | mundur pan sarwi sêsirig | Patih Baktak gumuyu atutup grana ||
8. sarwi ngucap mengo ngiwa | dene ta suka si bêlis | bara-bara yèn mulia | baya tumpês nèng Sêrandil | nêtêg kêndhang gong bèri | budhal gêgaman panganjur | anglir wukir pawaka | kumêrut sagunging baris | tinon abra miris kang samya tumingal ||
72. Girisa
1. ginêlak lampahing bala | kang dadya pênganjurira | ratu ing Kebar nagara | Rajèng Kangkan sambungira | kasundhul gêgamanira | marang ratu kawan dasa | anulya sanjatanira | wong agung ing Parangteja ||
2. wurine Ki Umarmaya | kang wadya dharat salêksa | prasamya nuntun turăngga | têtandhakan urut marga | wadyèng jro sumungsun ika | têtumbasan pitung lêksa | winarna busana abra | wong agung kang mangku wadya ||
3. pelag [pela...]
--- 1: 399 ---
[...g] amunggèng turăngga | sinongsongan tunggul naga | para kadang wurinira | Ngabdulah Buntalip samya | Ngabas Alib Hasim ika | kaprênah sêpuh sadaya | tan ana milwa suwita | byantara narendra dipa ||
4. mung nutakên kadangira | wancak tyas saking gêng trêsna | dadya nut sapurugira | wong agung kang Jayèngrana | sadaya wahana kuda | bandera putih prasamya | daludag kêkandhanira | wuwusên kusumèng pura ||
5. jênêng kataman duhkita | awismaya solahira | sruning kang muhitanira | miyarsa lamun satriya | budhal saha balakuswa | mukul Sêrandil nagara | gugup minggah sang lir rêtna | mring panggung buka candhela ||
6. umiyat krabing wadya Rab | daludag kêlabing dyaja | pangidhêpira sang rêtna | lir pangawening satriya | wong agung kang andon yuda | ing sarat asung sasmita | sru pamrating kang turida | pradăngga kang kalasăngka ||
7. ciptane panguwuhira | satriya Sang Jayèngrana | kadya pamit ing sang rêtna | kantuna ing dalêm pura | ngrojongi wingkising lathya | dadya yuwananing yuda | imbuh kataman gêng duka | sang rêtna gung rawat waspa ||
8. pangriking liman turăngga | sênuk mèmrèng balêgdaba | kadya wêwarah rening kang | satriya kèn mantuk pura | măngsa lamia glis prapta | dasih ta don mangun laga | mring Selan praja gung băngga | ing ramanta kèn mrawasa ||
9. lir mangkana ciptanira | saput tyasira sang rêtna | pinrês sinilib [si...]
--- 1: 400 ---
[...nilib] tan lupa | murca ngadêg sang kusuma | munggèng talundhag wiwara | dadya samya rinarămpa | marang êmban babu inya | umung samya nglud karuna ||
10. kunêng sang dyah kang murcita | lampahe Sang Jayèngrana | wus mêdal jawining kitha | bala wutah ngara-ara | kadya hèr wana prakêmpa | wus adoh ing lampahira | praptèng padhusunan samya | suwung ngobaran kang wisma ||
11. dadya yèn rêrêp anêba | wong agung sawadyanira | tan ana kang manggih wisma | samarga-marga mangkana | suwung dhusun urut marga | wong cilik ngili sadaya | punika kang darbe purwa | Raja Kistaham dursila ||
12. pamrihe amung sapala | mila angobongi wisma | lawan angrusak wong desa | yèn liwat Sang Jayèngrana | iya sabalane samya | aywa na ngaub ing wisma | ngupaya pangan ywa bisa | dimèn angêlih sadaya ||
13. kangèlana panasana | mung punika sêdyanira | mangkana lampahing bala | praptèng Sargaji muara | bandar agung panambangan | ing Wirigaluh punika | desa gung kêthèn kang wisma | ananging suwung sadaya ||
14. bêngawan agêng sungapan | muara jog ing samudra | kanan keringe pan desa | banjêng sapanginggilira | dadya wadu barisira | kèndêl têpining hèrnawa | samya ngungun para nata | dene tan amanggih jalma ||
15. yaum kang pra bumi nata | prakara suwunge desa | tan ana wruh wadinira | kang tinanya datan ana | wong agung èmêng tyasira | ngêndi gon ingsun nabranga |
--- 1: 401 ---
dene ki tan ana palwa | paran tingkah ingsun iya ||
16. sadalu rêrêb ing wana | agung anyêngkal ing driya | satriya kang rinasika | lan sawadya para nata | tan antuk don angupaya | miwah ta Ki Umarmaya | sadalu joto kewala | langkung mêgatruh tyasira ||
73. Mêgatruh
1. byar raina Umarmaya klênthang-klênthung | sarwi bondastanirèki | anurut lèpèn mandhuwur | ayun wruh sirahing kali | dangu-dangu Marmaya non ||
2. ana palwa amor rinubuhan kayu | oyod kang samya ngrungkudi | têpining kali gonipun | Marmaya minggah palwa glis | kagyat dènnya ningali wong ||
3. kaki-kaki sawiji linggih pitêkur | sarêng kagyatira kalih | punang kaki-kaki muwus | nêdha linggiha ki bayi | Marmaya linggih têtakon ||
4. kaki aywa dadi tampane atimu | dèn akèh-akèh ta kaki | pangandêlira maring sun | manira tanya sayêkti | marmane desa kèh kobong ||
5. padha rusak tilas dhusun agung-agung | sapa ingkang ngrusak iki | kaki-kaki alon muwus | pantèn anginanga dhingin | ênya dhêplokêna ingong ||
6. mêngko pantèn sun tutur-tutur kang galur | Umarmaya anampani | ing dhuplakan nocoh gupuh | kaki tuwa tan ngawruhi | yèn iku satriya kaot ||
7. panyanane wong amancing kapêlayu | praptane baris kang kari | Marmaya anocoh sampun | sinungakên ênya kaki | wis nginanga
--- 1: 402 ---
kongsi mentol ||
8. kaki tuwa nginang sarwi tutur-tutur | hèh bayi mulane iki | desa rusak padha suwung | manungsane padha ngili | wismane prasamya kobong ||
9. iya mêntas ana wong agung lêlaku | saking nagari Mêdayin | sayuta lah balanipun | Raja Kistaham rannèki | samarga angobong-obong ||
10. iya iku gêdhig manggalèng Mêdayun | senapati ing ajurit | ratu kaliwat dèn ugung | marang Prabu Nyakrawati | marma samya jrih punang wong ||
11. bok binahak sapa jinalukan tulung | arusuh balane sami | anjêjarah anggagêmpur | ana ingkang dèn jarahi | Ki Umarmaya anjomblong ||
12. ingong iki pinituwa Wirigaluh | kabèh desa urut kali | padha karèh marang ingsun | sapandhuwur pitung bêngi | ana sangang atus dhukoh ||
13. dhukuh siji ana uwong patang atus | ngêrongatus ingkang cilik | kang naracak matang atus | bêkêl siji wêlah siji | sangang atus bêkêl ingong ||
14. kêrigane ana wêlah pitung èwu | lah iku rerehan mami | Ki Umarmaya amuwus | milu sapa ing nagari | ki buyut saurira lon ||
15. nora milu ing nagara awak ingsun | pan iki bumi pasisir | Raja Barik sampun iku | êmbane sang rajaputri | ing Sargaji kang kêdhaton ||
16. iya iku ingkang dadi wêdanèngsun | Ki Umarmaya lingnya ris | sira kaki durung ngrungu | yèn baris kang prapta [pra...]
--- 1: 403 ---
[...pta] iki | seje lan kang ngobong-obong ||
17. apan iki satriya Sang Jayèngpupuh | kang kinèn mukul Sêrandil | bakal mantune sang prabu | pan ora angrêrusuhi | malah karya ayuning wong ||
18. buyut Wirigaluh miyarsa angungun | yèn iku kang sira iring | pacangane gustèningsun | Rajaputri Muninggarim | adhuh babo adhuh babo ||
19. kalingane gustèningsun sang binagus | sun nyana tunggale dhingin | Kistaham ratu kêpaung | kang gawe rusak wong cilik | Marmaya mèsêm têtakon ||
20. sira bisa ngumpulna rerehanamu | pambêlah kang padha ngili | gumuyu Ki Wirigaluh | bisa pisan-pisan mami | wong kabèh wasesaningong ||
21. lah karia ing kene tènana ingsun | sun angundang batur mami | Wirigaluh lunga gupuh | sapraptanirèng wanadri | mènèk anabuh kakênthong ||
22. duk miyarsa rewange prapta gumrudug | lurah sangang atus prapti | gawa sarerehanipun | amikul layar kumudhi | ana kang mikul santolo ||
23. praptèng gyaning Marmaya langkung angungun | tumon bawane sang kaki | iya buyut Wirigaluh | dene kayungyun praptaning | lajêng binêktèng pakuwon ||
24. praptèng ngarsanira Menak Jayèngpupuh | Marmaya ngirid wadya lit | kang samya miyat angungun | ing solahe Marmayèki | praptane ngirid ponang wong ||
25. duk dinangu katur mula bukanipun | suka ngandika Sang Amir | yayi
--- 1: 404 ---
Maktal dèn agupuh | dumana êmas wong iki | reyal lawan wastra kaot ||
26. praptèng ngarsa kang barana ngundhung-undhung | kaki Wirigaluh aglis | dumên saanak putumu | sarupane juru mudhi | ki buyut suka wotsinom ||
27. wusnya dinum ngandika Sang Jayèngpupuh | kaki sabrangêna mami | kalawan sabalaningsun | sira pa bisa ngulati | palwa kang yogya mrat ing wong ||
28. atur sêmbah matur buyut Wirigaluh | sampun wancak driya gusti | bêktaa bala pukulun | sawêndran sagah kang abdi | măngsa kiranga palwa jong ||
29. kathah prapta kêrigan kang samya nusul | wong tigang èwu pan luwih | wus samya kinèn salulup | palwa kinêlêm jêladri | ing nguni samya binotos ||
30. bok dèn arad marang Kistaham rumuhun | wus kantas sadaya sami | pinulih samya linatung | sadaya wus dèn rêsiki | pinasang layar sêntolo ||
31. palwa ingkang agêng-agêng sangang atus | kajawi palwa lit-alit | pamayang tan kêna ngetung | êntyarsanira para ji | dene bala badhe kamot ||
32. sabalane samya utamèng rahayu | balaba sih mring wong cilik | tan ana pakarya luput | sagunging wong juru mudhi | ginanjar mring para katong ||
33. juru mudhi sadaya suka tyasipun | ana ingkang bisik-bisik | iku wong agung pinunjul | èstu dipaning nagari | pantês kinanthi ing katong ||
74. Kinanthi
1. matur buyut Wirigaluh [Wiri...]
--- 1: 405 ---
[...galuh] | paran ing karsa jêng gusti | baita sampun sumêkta | punapa layar tumuli | pan inggih kawula marga | kang inggal praptèng Sêrandil ||
2. pun Kistaham kang rumuhun | pan sampun kawan dasa ri | sayêkti inggal paduka | praptane nagri Sêrandil | kadi punika kêsasar | laut èwêd dèn margani ||
3. kang palwa binagi sampun | marang sagung pra narpati | samya amomot gêgaman | sakêpraboning ajurit | miwah sagunging wahana | winot ing baita sami ||
4. kakăndha lêlayu tunggul | daludag tan ana kari | tuwin kang tabah-tabuhan | sowang-sowang winot sami | sigra kang têngara budhal | numpak sagung kang para ji ||
5. ingkang nunggil sapêrau | kêlawan Sang Jayèngmurti | sakathahing para raja | dene kang among wadya lit | pan namung pêpatihira | prajurit lan pra dipati ||
6. têngara kêndhang gong umung | sanjata mawanti-wanti | wus samya ambabar layar | Kêlana Jayadimurti | anitih palwa pacalang | kêlawan sagung narpati ||
7. tan ana kang gawa batur | mung panakawan nyatunggil | dene ta Sang Jayèngrana | mung bêkta kêndhang saruni | lan êjam ingkang atêngga | giliran para narpati ||
8. pandoman Ki Wirigaluh | tan pisah lan Jayèngmurti | dene palwa kathah-kathah | punggawa kang anitihi | lawan prajurit sadaya | kang palwa awarni-warni ||
9. jong bawana ulu bukut [buku...]
--- 1: 406 ---
[...t] | pamênthekan kăntha-kanthi | kêkincangan lêladingan | pragata sêlup lan kèci | maragate lêlanjaran | malang bopan tinon asri ||
10. jăngga tênggèng lan galiyung | korab lambang lan galul wil | bidhar jarong pugarehan | pamalang ujung taluki | pêpondhongan pêputihan | kurakehan lan pamênthing ||
11. giyola lêlêmpèng lambu | pêpakan awarni-warni | kadya wancak sumamburat | gumulung alun lumindhih | ombaknya ngêmbang galagah | gumalong agiling-giling ||
12. ngidul ngetan lampahipun | angin barat kang anggitik | palwa gung pating salêbar | ing laut kathah kaèksi | rêmên tyasira umiyat | Kêlana Jayadimurti ||
13. srining kang palwa kadulu | anyimpang baita grami | tigang dalu tigang siyang | lampahe Sang Jayèngmurti | samarga-marga têtanya | ing tanah sawiji-wiji ||
14. Kyai Buyut Wirigaluh | waskithèng tanah nagari | palwanjok ing pulo Bayan | pinggiring pulo maripit | katingal srining wowohan | kali mili nênggêl ardi ||
15. wêning tawa toyanipun | kang wowohan nurut kali | awor lawan kêmbang-kêmbang | jêruk jirak wunglon wuni | sêmăngka manggis kokosan | rambutan sarangan sari ||
16. kêtos pundhung dhuwêt dhuku | kêmlaka salak kuwèni | pakèl gowok năngka gêdhang | jambu jambe aminggiri | durèn pêlêm lan srikaya | kurma [kur...]
--- 1: 407 ---
[...ma] anggur tiris gadhing ||
17. tiris manis tiris gadhung | Ki Umarmaya tanya ris | iki kaki pulo apa | iya arane ing ngêndi | Wirigaluh aturira | ing pulo Bayan Sêrani ||
18. punika wingit kêlangkung | tan ana purun nginggahi | inggih akathah drubiksa | singa kang minggah bilai | sêmantên sêpuh kawula | dèrèng miyarsa mêningi ||
19. tiyang kang minggah ing ngriku | nakoda nakoda pundi | miwah ratu ratu samya | satriya satriya pundi | pun kaki dèrèng miyarsa | manusa ingkang nginggahi ||
20. Ki Umarmaya andulu | woh dadi samya matêng wit | ulat madhêp kalirikan | dene sawarnine dadi | ambalasah tibèng lêmah | barana kang anèng uwit ||
21. Prabu Marmadi amuwus | ya apa mulane kaki | nora nana wani munggah | mênèk ta wong kompra kaki | iya ngêndi ana lêmah | nora kêna dèn anciki ||
22. pae mega lan kêkuwung | nora kêna dèn anciki | teja thathit lawan kilat | parandene ana bangkit | iya jalma kang utama | bisa lêbur bisa dadi ||
23. Natèng Kohkarib umatur | ing Kêlana Jayèngmurti | luwung suwawia minggah | eman si pulo puniki | prasasat kelang-kelangan | yèn botên mampira ngriki ||
24. wowohan matêng angumbul | sapa sintên ingkang bukti | baya mubadir kewala | Ki Wirigaluh nauri | kawula pemut kewala | manawi kèh sănggarunggi ||
25. ing
--- 1: 408 ---
kina akèh pakewuh | ing pulo Bayan Sêrani | ewasêmantên sakarsa | sok sampuna angaturi | Raja Marmadi amêksa | Jayèngmurti anuruti ||
26. amêntas saking pêrau | Kêlana Jayadimurti | lan sagunging para nata | pra ratu sawidak kalih | datan wontên bêkta bala | tinilar baita sami ||
27. sapraptanira ing luhur | suka sagunging narpati | dene wowohan balasah | sang ratu sawidak kalih | lajêng prasamya asiram | rame suka jroning warih ||
28. nutug dènnya siram sampun | sagunging para narpati | lajêng angundhuh wowohan | sasênêngira pribadi | suka adhahar wowohan | adalu tur adi-adi ||
29. Prabu Marmadi abikut | durèn karo bêlah ênting | baham kiwa mamah năngka | kang têngan mamah kuwèni | nyandhak jambu asta kiwa | asta têngên nyandhak manggis ||
30. wuwusên ratuning antu | kang angrèh sakèhing eblis | ngêdhaton ing pulo Bayan | kabèh setaning jêladri | ngidhêp Prabu Duwalpayal | bala lêmbat tanpa wilis ||
31. kabèh kang asaba nglaut | kang samya karya pênyakit | balane Sang Duwalpayal | anggawa dhadhung nyèrèdi | yèn tan wiutamèng tingal | patine manjing Sêrani ||
32. yèn wis wirutamèng dunung | pagene kêna Sêrani | umadêg sasukanira | pira kuwasane ngeblis | têgêse jalma utama | bisa lêbu bisa
--- 1: 409 ---
dadi ||
33. mangkana sira andulu | Sang Duwalpayal Narpati | tanpa ingan dukanira | pulone kambah ing janmi | lah wong ngêndi iku baya | wani angambah ing ngriki ||
34. apa rêp suwita ingsun | apa nora tuku warti | sêksana sarêng tumingal | mangkruk-mangkruk anèng uwit | lunggwèng pang angingkrang-ingkrang | pan arupa kaki-kaki ||
35. wong Menak nèng ngandhapipun | lagya dhahar wohing manggis | wus têlas dènira dhahar | karsane amundhut malih | Sang Jayèngmurti tumênga | kagyat na wong kaki-kaki ||
36. anèng êpang mangkruk-mangkruk | ngandika Sang Jayèngmurti | hèh kaki ngêndi mahira | ana ing kene pribadi | lah ta apa karyanira | mangkruk-mangkruk anèng uwit ||
37. Duwalpayal tan sêmaur | sêksana lumumpat aglis | marang pundhake wong Menak | aprênah dènira linggih | lêmês suku lir pusara | mulêt badanira Amir ||
38. Radèn Jayèngmurti ngungun | suku winêngkang tan kêni | marang gène para nata | sêdya akon anguculi | kang para nata tumingal | samya gawok nêningali ||
39. asuka sami gumuyu | miyat ing solah kadyèki | sampun pinulêt sadaya | ratu siji antu siji | winêngkang-wêngkang tan kêna | guyu-ginuyu prasami ||
40. sawidak kalih pra ratu | antune sami bithèni | anêpak jotos anjambak | Umarmaya matur aris | inggih bilai punika | margi [mar...]
--- 1: 410 ---
[...gi] saking Umarmadi ||
41. kaparentah wadhukipun | ningali wowohan dadi | ngolod-olod ngajak minggah | mangke amanggih bilai | ngandika Sang Jayèngrana | apa sira ucap iki ||
42. bilai lara lan lampus | wis pasthènira Hyang Widi | măngsa kênaa suminggah | mênêng Ki Umarmayèki | antune kang anèng pundhak | nulya ginawa sêsirik ||
43. anggung ginawa lumayu | antune bungah tan sipi | Ki Umarmaya angucap | antune kang dèn wuruki | payo ajakên sandêran | antu kang nunggang Marmadi ||
44. antune ika amuwus | sira iku andhap alit | anantang wong busung ika | mênèk kalah sira mangkin | Ki Umarmaya amêksa | antune têka nuruti ||
45. marang gone Marmadyèku | antune Marmaya aglis | ngucap payo sêsandêran | tunggangaku iki cilik | tunggangamu ambalêndhang | antune Marmadi angling ||
46. mara kêrapêna gupuh | mêngko ingsun kang nututi | sigra ngêrap Umarmaya | Umarmadi anututi | antune kang linggih pundhak | Umarmadi dèn bithèni ||
47. ala gawene si busung | si balêndhang apênyakit | têka nira bisa nyandhak | dene Marmayèki cilik | tinapuk pan jinotosan | Umarmadi bêrbês mili ||
48. anulya saguh amburu | Marmaya anandêr malih | nanging mêksa datan nyandhak | Umarmadi dèn gitiki | antu kang nunggang Marmaya | langkung [lang...]
--- 1: 411 ---
[...kung] sukane tan sipi ||
49. kabèh ingkang para ratu | tinantang nandêr tan wani | antu kang nunggang Marmaya | anggung ginawa sêsirig | Umarmadi tinapukan | guyu kang samya ningali ||
50. wong Menak awlas andulu | sayah agung dèn bithèni | Duwalpayal asru mojar | wongmu iku jêjêmbêri | cabar papêlayon kalah | gêgêdhèn wadhuk wong iki ||
51. mengo Radèn Jayèngpupuh | tan bisa mulat Marmadi | pan cinatur lamènira | tigang siyang tigang ratri | antu mêksih mulêt samya | suku lêmês anglir tali ||
52. mangkana duk kawan dalu | Umarmaya aningali | woh anggur runtuh ing lêmah | ting parêntêl umobnèki | Umarmaya aris mojar | antu rèrèna kariyin ||
53. arêp mangan woh puniku | drapon gancanga lumaris | antune asru lingira | dene isi banyu iki | iya sing marai apa | ampuh ngêbatkên lumaris ||
54. Ki Umarmaya amuwus | mulane sun rikat iki | woh iki sok ingong pangan | antune têka nuruti | malah ta milu amangan | limang dhompol dènnya bukti ||
55. antu kang nunggang awuru | karingêt rewehan mijil | blêngar-blêngêr layap-layap | kêmba pamulêtirèki | sigra Marmaya anyandhak | sukune sinêndhal aglis ||
56. binanting siti malêdug | antu wus datan kaèksi | Marmaya ngling mring wong Menak | lah dawêg kula uculi | Jayèngmurti angandika | mêngko
--- 1: 412 ---
ingong Marmayèki ||
57. ya kabèh sanak-sanakmu | padha luwarana dhingin | mêngko kèri bae ingwang | ya ta Ki Umarmaya glis | mênyang gone para raja | sinêndhalan ganti-ganti ||
58. binantingan sirna lêbur | antu kang sawidak kalih | mung kari Sang Duwalpayal | kang mulêt Sang Jayèngmurti | Marmaya prapta ing ngarsa | apan sarwi matur aris ||
59. kula pêcate dèn gupuh | ngandika Sang Jayèngmurti | lah kakang mêngko mênênga | sigra cinandhak pribadi | Sang Duwalpayal sinêmpal | sarwi binanting ing siti ||
60. angganya sumyur malêdug | ana tiba ing jêladri | rahnya gubras sumamburat | ana kang katub ing angin | iku purwane ing kuna | godhong kang samya gatêli ||
61. kadadean rahing antu | dene kang tiba jêladri | iya dadi antu toya | ana dadi antu gêni | mangkana Sang Kakungingrat | luwar saking ing bilai ||
62. anulya prasamya adus | lan sawadya pra narpati | marang laki iku jamas | amasuh busana sami | para nata sumyak-sumyak | samya tontonên ningali ||
63. dènira sira anutug | ameme busana sami | lajêng amêndhêt wowohan | kêlawan angambil warih | kinarya sangu lumampah | wus winot baita mijil ||
75. Mijil
1. Wirigaluh eram aningali | mring Jayèngpalugon | salamine asangêt angkêre | iya
--- 1: 413 ---
ing pulo Bayan Sêrani | tan ana kang wani | angambah ing ngriku ||
2. panggah yuda akêlawan eblis | Duwalpayal kawon | sirna lêbur lawan sabalane | dadya kang pulo Bayan Sêrani | mari angkêr nênggih | sira ngambah ngriku ||
3. suwawi gèr anumpak tumuli | dawêg nuli bodhol | sampun numpak para ratu kabèh | sigra babar layar dyan lumaris | baita sumilir | anêngah ing laut ||
4. lêpas lampahira kalih ratri | lamat-lamat katon | ardi agêng angganthêng ujunge | angandika Radèn Jayèngmurti | kaki gunung ngêndi | ingkang katon iku ||
5. punikanggèr gunung ing Sêrandil | ing mangko anotog | lampah dalêm amêdal ngandhape | tan adangu prapta amêripit | sapinggiring ardi | Wirigaluh matur ||
6. punika gusti nginggiling ardi | sela gêng kinaot | inggih tapak Adam kamulane | pra nakoda kang langkung ing ngriki | miwah para aji | prasamya angujung ||
7. angandika Radèn Jayèngmurti | ampirêna ingong | ingsun kaki niyat ngujung mangke | sigra labuh jangkar juru mudhi | miwah Jayèngmurti | lan sagung pra ratu ||
8. wus ginayut baitanirèki | kêlawan sêntolo | Wirigaluh binêkta inggahe | lawan bêkta wowohan kang kari | prasamya binukti | munggèng soring gunung ||
9. sarwi gugon tuhon solahnèki | duk manggih pakewoh | tansah ginunêm katonton solahe |[2]
--- 1: 414 ---
Radèn Umarmaya matur aris | paduka rumiyin | duk kapulêt ngantu ||
10. dene botên nguculan tumuli | tur sangêt kalêson | kongsi tigang dalu tri siyange | awêkasan sagêd anguculi | angling Jayèngmurti | durung wêktonipun ||
11. barang gawe yèn durung marêngi | ing wêktu pan abot | yèn wis wêktu pan agampang bae | Umarmaya angling mring Marmadi | dèn kapok sirèki | aywa sok dalurung ||
12. yèn ing mêngko munggah gunung iki | ya dèn olèh kapok | mênèk angkêr iki gunung gêdhe | nulya minggah Radèn Jayèngmurti | lan para narpati | wus prapta ing luhur ||
13. dhukuh ingkang dadi juru kunci | amanggih ingkang wong | Jayèngmurti alon timbalane | atêrêna paman sun manginggil | ana niyat mami | manirarsa ngujung ||
14. gya ingirid aminggah tumuli | Sang Jayèngpalugon | lan sawadya para ratu kèbèh | praptèng nginggil ngujung tapak sami | Radèn Jayèngmurti | lan sapara ratu ||
15. samya midêr-midêr aningali | sagung para katong | samya suka-suka akaramèn | kathah katingal saking ing wukir | suka kang para ji | tan ana pakewuh ||
16. Radèn Ambyah aningali malih | lamun ana gêdhong | isi rêtna sêsotya pan akèh | kêbak gêdhong datan mawi kunci | mênga ingkang kori | ing salamènipun ||
17. samya eram sagung kang ningali | isine kang gêdhong | Jayèngmurti alon timbalane | sapa duwe [du...]
--- 1: 415 ---
[...we] sêsimpênan iki | matur juru wukir | punika rumuhun ||
18. gih kagunganipun Kangjêng Nabi | Suleman kinaot | hèh mulane tan ana kang amèk | juru wukir matur awotsari | yèn wontên kang ngambil | dumadakanipun ||
19. korènira nginêbi pribadi | Marmaya lingnya lon | sun jajale manira kang amèk | nulya manjing kori anginêbi | Marmaya kapipit | gumyak para ratu ||
20. samya gêguyu mring Marmayèki | kapipit ing gêdhong | mari amèk lawang mênga manèh | langkung eram samya kang ningali | dene ta kang kori | nora na wongipun ||
21. bisa mênga anginêp pribadi | baskara duk ngayom | pan sakenjing nèng arga luhure | nulya mêdhun Radèn Jayèngmurti | Marmaya angari | nora mèlu mudhun ||
22. ingujaran mring Sang Jayèngmurti | payo Marmayanjog | aja sira kari anèng kene | manawa na durgama ing wêngi | wong kang juru wukir | anambungi wuwus ||
23. alah nêdha tumurun dèn aglis | aja sira wangkot | akèh macan yèn wêngi ing kene | bok dinêmak ing macan sirèki | kang tunggu ing wêngi | macan pirang atus ||
24. Radèn Jayèngmurti sru dènnya ngling | aja sira wangkot | măngsa dora kang tunggu ing kene | Umarmaya asru anauri | mêdhuna pribadi | pan ingsun tan purun ||
25. lagi ana karêp ingsun iki | nadyan si pakewoh | dèn srahêna ing Pangeran [Pange...]
--- 1: 416 ---
[...ran] bae | pirangbara yèn ta mêksih urip | dèn pêksaa ugi | kudu nginêp ingsun ||
26. tinurutan mring Sang Jayèngmurti | lah sakarêping wong | sigra mêdhun lan pra ratu kabèh | kang sawidak kêkalih tan kari | lan kang tunggu wukir | praptèng ngandhap surup ||
27. kawarnaa Ki Umarmayèki | dalu kawiraos | sare mungging ing tapak Adame | ya ta Marmaya dalu angimpi | têdhak punang langit | sumrawang kadulu ||
28. pêpalangkan mêdhun saking nginggil | sakawan isi wong | mêdhun marang tapak watu kabèh | amarani gène Marmayèki | dènira aguling | tapak Adam wau ||
29. jroning pangimpèn Umarmayèki | mara atêtakon | sapa sintên kang prapta marene | kang palangkan siji nauri |[3] ingsun iki Nabi | Adam aran ingsun ||
30. Umarmaya nuli angabêkti | ing suku tan alon | nêmbah ngaras pada lon ature | dhuh bapa Dam Nabine Hyang Widi | kawula minta sih | pusaka pukulun ||
31. Nabi Adam katon ngandika ris | iya babo ingong | marang sira masiyat mangke |[4] ana kandhèn ingsun iki nênggih | jupukên tumuli | gumandhul ing kayu ||
32. akèh isine jroning kêkandhi | barang karêping wong | pêsthi ana jro kêkasang kabèh | apan isi saliring kumêlip | tan towong saari | poma wêkas ingsun ||
33. nulya ngalih Marmaya marani | palangkan kapindho | nyandhak suku tanya
--- 1: 417 ---
lon ature | sapa sintên paduka puniki | ya ta ngandika ris | Nabi Brahim ingsun ||
34. sigra nêmbah Ki Umarmayèki | sarwi matur alon | ya nabi kang minulya wiyose | pan agama tuwan ingkang mêksih | kawula lampahi | ingkang kawula nut ||
35. lawan darah paduka pun Amir | ingkang kawula mong | mila amba anuwun kasêktèn | angandika Jêng Nabi Ibrahim | sira sun paringi | akêbat lumayu ||
36. angluwihi kêbatira dhingin | iya ing lêlakon | patang dina prapta satêngange | lan maninge sira sun paringi | wruh basa sêpalih | ing alam donyèku ||
37. basa limang atus kalih dèsi | pètên kang sêparo | kalih atus sawidak cacahe | iku sira bisa angawruhi | anjuru basani | sawidak rongatus ||
38. apan sira besuk atut wuri | saparan lungandon | wruh nagara ingkang anèh-anèh | ingkang padha liyan băngsa benjing | nulya mara malih | palangkan katêlu ||
39. Umarmaya nyandhak suku malih | anêmbah turnya lon | sintên tuwan puniki wastane | Nabi Iskhak angandika aris | ingsun iki Nabi | Iskhak namaningsun ||
40. Umarmaya gupuh turirèki | hèh nabi kinaot | pan kawula anuwun kasèktên | Nabi Iskhak angandika aris | sira sun paringi | malih warna iku ||
41. arupaa pira-pira bangkit | dhêngkak bucu cebol | wandhan bajang walikan lan bule |
--- 1: 418 ---
miwah jêjaka lan kaki-kaki | rupa wadon bangkit | sabarang karêpmu ||
42. arupa isining wanadri |[5] miwah isining rong | barang rupa sira bisa kabèh | sira Marmaya marani malih | pêpalangkan nênggih | ping sêkawanipun ||
43. Umarmaya nyandhak duku malih | anêmbah turnya lon | sintên tuwan puniki arane | Nabi Suleman ngandika aris | iya ingsun Nabi | Suleman ran ingsun ||
44. Umarmaya nêmbah matur aris | hèh nabi kinaot | mila amba asipêng gununge | inggih ningali gêdhong puniki | kêbak mas rêtna di | kapengin kêlangkung ||
45. Nabi Suleman angandika ris | barana sagêdhong | lah ambilên ingsun lilakake | apan uwis rêjêkimu kaki | kagyat nulya tangi | Marmaya angungun ||
46. angganira umrês gandanya mrik | Umarmaya ngraos | lamun bêcik iya ing impène | sigra mêdal Marmaya ngulati | kêkasang kêpanggih | nèng êpang gumandhul ||
47. nulya tinăndha dèn jêjaluki | pinidih ing jêmpol | apa barang kang dèn karêpake | Umarmaya sukane tan sipi | gantya kang winarni | Menak Jayèngpupuh ||
48. wijiling kang arka minggah malih | lawan para katong | miwah juru wukir samya dhèrèk | minggah luhur wong Menak rumiyin | Marmaya kawarni | malih warna iku ||
49. kaki-kaki ambêkane mêngi | ngukruk untu ompong | kuru aking gumigil watuke | Wong Agung Menak wus praptèng [pra...]
--- 1: 419 ---
[...ptèng] nginggil | kagyat aningali | kaki-kaki ngukruk ||
50. tinakonan kaki sira uning | ing kene ana wong | Umarmaya mathèsèl pathèsèl | irêng manis rambut bang barintik | anginêp ing ngriki | ki tuwa umatur ||
51. botên wontên ing ngriki wong malih | kang liya saking ngong | rada maras ing tyas bok patine | Umarmaya malih warna malih | wong Menak ningali | suka ngandika rum ||
52. olèhira kasêktèn ing ngêndi | gêlar kang mangkono | sampun matur samula bukane | Jayèngmurti sukane tan sipi | sokur ing Hyang Widi | sirêp brangtanipun ||
76. Asmaradana
1. Umarmaya matur aris | paduka kèndêl kewala | kula malih warna manèh | kajênge pangling Marmadya | sigra amalih warna | sêpuh sakit kadi wau | nèng ngarsane Jayèngrana ||
2. nulya prapta para aji | ing ngarsanira wong Menak | Umarmadi atêtakon | lah pundi pun Umarmaya | ngandika Jayèngrana | sun ulati tan katêmu | kari-kari manggih papa ||
3. lah iku kang ngukruk wêngi | ngungun kang samya tumingal | sagunging kang para katong | andongong Ki Umarmadya | asru dènira ngucap | lah iku kang sira têmu | tan kêna ginadan kathah ||
4. angêdohakên basuki | atimu kang nora kaprah | kudu anginêp ing kene | lah mêngko ta kayaparan | nêmu papa cintraka | rupamu mêngi tur ngukruk | wus lêbar wong nora kaprah ||
--- 1: 420 ---
5. rubung kang para narpati | prasamya wêlas tumingal | dene tuwa kèh larane | mêngi watuk janggut nyênthang | kari gagra kusika | ambêkane mêlar mingkus | umbêle andêleweran ||
6. tan bêtah rinubung sami | karya prihatining kathah | Umarmaya lunga sênthot | wus ngalih rupane lawas | tuhu jêjaka tuwa | wangsul ênggènira wau | gawok sagung para raja ||
7. suka sadaya ningali | Ki Umarmadya têtanya | lah apa olèhmu kuwe | kanthong gumandhul nèng pundhak | angling Ki Umarmaya | iki juru masak ingsun | ing jro akèh wong babêthak ||
8. Natèng Kohkarib lingya ris | lah ta mara wêtokêna | kêkanthimu kasiyate | kandhuri lan pêpanganan | Wong Agung Tasikwaja | amidih jêmpolanipun | gumrubyug ajêjondhangan ||
9. mêdal saking jro kêkandhi | dhêdhaharan warna-warna | suka sagung para katong | saksana nulya dhêdharan | lan sagung para nata | miwah Menak Jayèngsatru | langkung tyas marwata suta ||
10. gêdhong binuka tumuli | barana awarna-warna | tanpa wilangan kathahe | sadaya binêkta mêdal | gawok ingkang tumingal | tinumpuk angundhung-undhung | sêsotya awarna-warna ||
11. sampun winot ing kêkandhi | sagung ingkang rajabrana | langkung ngungun paningale | juru wukir pinaringan | kira-kira salêksa | sigra dènira tumurun |
--- 1: 421 ---
wong Menak lan para raja ||
12. numpak ing baita sami | bêdhol jangkar babar layar | kang palwa lêpas lampahe | kalih ari nèng lautan | katon ujung tampingan | praptèng muara Talgêlur | kang baita labuh jangkar ||
13. Marmaya mêdhun dhingini | punika lurah Sabandar | kang makuwon anèng kene | ngêrèhkên sakèh muara | Kêling Paselan Kusta | ingkang samya bandar agung | kaparentah mring Buwartal ||
14. ing Talgêlur kang dèn gèni | Buwartal iku punggawa | pan limang èwu balane | nanging punggawa Sabandar | kêlangkung kapracaya | marang Sang Prabu Lamdahur | Buwartal gagah prakosa ||
15. anggênggêng pinggir pasisir | pabeyanira Buwartal | sinung wisma gêdhe-gêdhe | minăngka pasebanira | yèn kala mupu beya | kêpalane kang atunggu | aran Ki Tambi Sabingah ||
16. Tambi Sabingah ningali | yèn ana baita prapta | ingkang dhingini êntase | Umarmaya tinakenan | sira arêp bêbeya | palwa saking ngêndi iku | lan sapa nakodanira ||
17. ing kene nginanga adhi | mêngko bae bêbeyaa | sêdhêng ambêkamu sarèh | suka Ki Tambi Sabingah | aningali Marmaya | dene solahe kayungyun | wus linggih Ki Umarmaya ||
18. ingsun dudu palwa grami | iki palwane satriya | sêka Mêdayin sangkane | iya namaning satriya | Menak Pêpakuningrat | bakal mantune sang prabu | ingutus marang kang
--- 1: 422 ---
rama ||
19. Bathara Anyakrawati | kinèn kêlana andon prang | amêrêp ratumu kene | anjumbul Tanbi[6] Sabingah | nulya wau katingal | amêntas saking pêrau | wong Menak lan para nata ||
20. ingkang sawidak kêkalih | sakêpraboning ayuda | kabèh ratu anom-anom | tur samya ratu jêjaka | dèrèng wontên akrama | praptèng pabeyan alungguh | wong Menak nèng bale têngah ||
21. kinubêng para narpati | ngayap munggèng kering kanan | samya wak sêpata bae | kathahe amung sawidak | lumayu Ki Sabingah | sarwi alok ana mungsuh | gègèr wisma sa-Bandaran ||
22. Tambi Sabingah wus prapti | ing ngarsanira Buwartal | matur yèn mêngsah praptane | saking Mêdayin satriya | ngandika Sang Buwartal | pira gêgamaning mungsuh | kang arsa mukul ing Selan ||
23. wau kang sampun alinggih | kang dèrèng prapta wikana | kadi sèkêt watawise | Buwartal sigra têngara | bêndhe ngungkung tinêmbang | wus ngumpul wong tigang èwu | budhal marang ing pabeyan ||
24. Buwartal sawadya prapti | Wong Agung Menak miyarsa | Ki Umarmaya kang kinèn | mapag balane Buwartal | wus lajêng lincak-lincak | kirig-kirig manthuk-manthuk | Buwartal bramatya ngatag ||
25. marang prajuritirèki | nama Ki Tambi Balungkar | cêkêlên wong edan kae | gawanên mring ngarsaningwang | ingsun arsa têtanya | Tambi Balungkar umagut [uma...]
--- 1: 423 ---
[...gut] | wus panggih lan Umarmaya ||
26. Balungkar asru dènnya ngling | hèh wong iku soso edan | rupamu lucu mathèsèl | apa gawenira prapta | sumaur Tasikwaja | sun arsa nugêl gulumu | Tambi Balungkar bramatya ||
27. sarèpèt pêdhang tinarik | ingayat pêdhang tumiba | Ki Umarmaya mancolot | angungkuli sirahira | sigra anarik kanjar | pinagas janggane rampung | Tambi Balungkar wus pêjah ||
28. arame dènira jurit | Buwartal malih angatag | Tambi Malobari rane | lawan Tambi Batobara | sarêng anarik langkap | Ki Umarmaya mandhuwur | ana patang puluh asta ||
29. apan sami anulupi | Malobari Batobara | karo wus kêna matane | lajêng pinanggalan sela | kalih sampun palastra | Buwartal duka kêlangkung | tanpolih ngadu wongira ||
30. mara ngrapakên turanggi | lumayu Ki Umarmaya | Jayèngrana mangsah age | wus panggih ayun-ayunan | Buwartal asru mojar | wong anom sapa aranmu | mapagakên yudaningwang ||
31. dene warnamu apêkik | eman matia dening wang | Sang Jayèngmurti saure | pan ingsun satriya Ambyah | kagyat sira Buwartal | hèh kalingane sirèku | mantune Prabu Nusirwan ||
32. kang arêp bêdhah Sêrandil | apa ta pangwasanira | basa ratuku ing kene | dêdêg satus sapuluh gas | gadane ora obah | jinunjung
--- 1: 424 ---
wong têlung atus | ginawe amêng-amêngan ||
33. kuthagara dèn antêbi | luluh lumrèng ing bantala | paran gonmu ngalahake | sumaur Sang Murtiningrat | nadyan si mangkonoa | ujar ingsun wus asanggup | nèng ngarsane ratuningwang ||
34. ambêdhah nagri Sêrandil | lan ambănda ratunira | lah iya pira suwene | lamun kalaha dening wang | kêlawan parmaning Hyang | sira Buwartal ambêkuh | aku bae kalahêna ||
35. yèn kalah kalawan mami | ratuku mêsthi kasoran | pan ingsun iki andêle | sira Buwartal angrêmpak | sarwi angundha gada | duk angabênakên pupuh | binarêngan astanira ||
36. mêksih pinanggung nèng nginggil | kadya wong angikal wilah | sarta angandika alon | Buwartal apa karsanta | sira arêp uripa | lamun sira nêdya lampus | iya sun banting nèng lêmah ||
37. yèn sira akudu urip | anuli sira Sêlama | sira Buwartal ature | ingsun nungkul marang sira | apa sakarsanira | dyan sinèlèhakên sampun | Buwartal wus kinèn Islam ||
38. nulya nêmbah angaturi | dhatêng padalêmanira | nurut Sang Jayèngpalugon | kêlawan sapara nata | tiningkah gustinira | Buwartal langkung sêsugun | munya kang gêndhing araras ||
39. antara catur dasa ri | wadya gung sadaya prapta | jêjêl praptèng muarane | samya umêntas sadaya | jêjêl tanpa wilangan | Buwartal ebat [eba...]
--- 1: 425 ---
[...t] andulu | rakite bala andhandhang ||
77. Dhandhanggula
1. wus pinrênah pakuwonirèki | kang wadya gung samya sinêgahan | kêpung akapang pondhoke | sakèhing para ratu | pan sêdaya sampun kêpanggih | kêlawan balanira | suka manahipun | samya sinungan barana | nênggih ingkang saking gunung Sêrandil |[7] binagi pinarapat ||
2. kalih duman mring para narpati | sabalane dene kang saduman | maring wong pambêlah kabèh | Ki Buyut Wirigaluh | kang ambage sampun wêradin | êmas lawan sêsotya | sadaya pan sinung | sukèng tyas wong juru bêlah | kang saduman amung Ki Umarmayèki | wong Menak datan arsa ||
3. jêjêl dening baita Mêdayin | kang muara Talgêlur kèbêkan | kang wadya samya karamèn | tinutur lamènipun | antarane salawe wêngi | sira Prabu Salebar | dènira angrungu | gêgaman Mêdayin prapta | senapati Kêlana Jayadimurti | bakal mantu narendra ||
4. wong Salebar sanengga ngajurit | Prabu Sahalsah sampun pratăndha | angadêgakên barise | budhal karsanya mêthuk | marang Rajaputra Mêdayin | sakêthi balanira | ambêkta tur-atur | datan kawursitèng marga | prapta enjing Buwartal atur upêksi | ing Radèn Kakungingrat ||
5. lamun Prabu Sahalsah kang prapti | Jayènglaga miyos siniwaka | mungging ing têtarup andhèr | manggihi
--- 1: 426 ---
praptanipun | sira Prabu Sahalsah nênggih | sampun cundhuk kêlawan | Menak Jayèngpupuh | langkung dènira mangrêpa | atur-atur wus samya makuwon sami | nunggil kang bala Ngarab ||
6. akasukan agung siyang ratri | sugatanira Natèng Salebar | anèng Talgêlur karamèn | wau ta kang winuwus | lamènira kawan dasa ri | wong Menak sinugata | nèng nagri Talgêlur | warnanên Prabu Kistaham | dènnya numpak anèng muara Ngistani | akathah kang pangkalan ||
7. mila kantun praptane Sêrandil | antarane kawan dasa dina | Kistaham lawan angkate | saking nagri Mêdayun | angriyini kawan dasa ri | panusule wong Menak | mangkana winuwus | Sang Raja Kistaham prapta | kang muara Talgêlur kagyat ningali | saking doh lamat-lamat ||
8. palwa tembak samya dèn panjêri | ing daludag lêlayu bandera | Kistaham sandeya tyase | kèndêl panglayaripun | panêrkane Natèng Sêrandil | Lamdahur arsa mangkat | nglurug mring Mêdayun | katuju palwa anyantrang | wus ingandhêg cinêkêl marang Kadarsi | lajêng katur mring rama ||
9. wong minantaka dèn têtakoni | alah iki pêraune sapa | wong minantaka saure | punika palwanipun | putra mantu Natèng Mêdayin | nênggih ingkang pêparab | Menak Jayèngpupuh | sampun kawan dasa dina | praptanipun wontên nêgari ing ngriki | badhe gêcak ing Selan [Se...]
--- 1: 427 ---
[...lan] ||
10. Prabu Kistaham lingira aris | paran tingkahe para dipatya | kang urut tampingan kene | lah inggih sami nungkul | kabèh urut nagri pasisir | Buwartal sampun kalah | kabala ing ngriku | Ratu Salebar wus prapta | atur-atur angirid kang pra dipati | Kistaham duk miyarsa ||
11. langkung ngungun anjêtung tan sipi | angundangi kang anak sêkawan | Kobat Sarkap sêpuh dhewe | Kadarsi arènipun | Radèn Istun Kistun wuragil | lan sagung pra punggawa | supênuh samya hum | asêlur palwa Rum baya | putra kapat kang tinari ing rama ji | kaya pa iki baya ||
12. apa bali mulih mring Mêdayin | apa banjur seba ing wong Menak | iya ngiring salakune | padha ngaku ingutus | marang Prabu Anyakrawati | bantoni ing ayuda | amèt galihipun | malah silih kalisiba | katungkula kênaa paekan mami | rêmbag putra sêkawan ||
13. sigra layar sadaya umilir | praptèng sungapan nulya utusan | angriyini ing inggahe | Kadarsi kang ingutus | panggih lawan Umarmayèki | tinanggap aturira | binêkta lumêbu | katur ing Sang Kakungingrat | duk sêsiwèng punggawa para narpati | Kadarsi prapta nêmbah ||
14. amba ingutus pun bapa gusti | mila prapta nusul saha bala | rama paduka kang akèn | bantoni ing pukulun | inggih saking awalanggalih | dhatêng lampah paduka | manawi [mana...]
--- 1: 428 ---
[...wi] Lamdahur | awrat sinănga ngayuda | gih pun ba kinèn angawat-awati |[8] angge ing lampah tuwan ||
15. mèsêm Wong Agung Wiradimurti | Umarmaya kang kinèn mêthuka | praptèng sungapan lampahe | Kistaham wus tumurun | saha bala sampun apanggih | lan sira Umarmaya | kabèh kang wadya gung | kinantun ing ara-ara | kerid marang Marmaya ngayunan prapti | mêndhak mangaras pada ||
16. langkung norakên raga minta sih | pinaringan pisalin sakala | Kistaham dènira ngangge | kinèn jajar alungguh | lan Sang Prabu Sahalsah nênggih | Kistaham sigra nêmbah | pan sampun alungguh | Raja Sahalsah ris tanya | bêkta pintên bala Kistaham nauri | pan inggih mung sayuta ||
17. Prabu Sahalsah wêwah dènnya jrih | mring wong Menak mulat ing Kistaham | nêmbah patingkah gustine | mangkana budhal sampun | saha bala ingkang ngaturi | Sahalsah mring Salebar | saha swara umung | Prabu Kistaham tut wuntat | saha bala mring Kêlana Jayèngmurti | ing marga tan winarna ||
18. praptèng Salebar wus dèn aturi | angêdhaton Sang Prabu Sahalsah | amakuwon pasebane | sagunging para ratu | myang Kistaham makuwon jawi | langkung dènnya bujana | Sahalsah winuwus | agung siyaga kang wadya | cinarita wus jangkêp kawan dasa ri | dènira nèng Salebar ||
19. dyan wuwusên praja ing Sêrandil | Sri Lamdahur lagya siniwaka | munggèng panangkilan andhèr | punggawa [pungga...]
--- 1: 429 ---
[...wa] para ratu | myang satriya para dipati | prajurit ulubalang | pra mănca kèh rawuh | Lamdahur munggèng amparan | patik rêtna alêlèmèk prangwêdani | jênggarang wêntis tumpang ||
20. yèn ginayuh Sang Natèng Sêrandil | dêdêgira sarupèng danawa | anêmbaga sarirane | ngumbala remanipun | simbar jaja kadya wêlingi | irêng-irênge netra | sapucuking kêmpul | waja yèn tinon mangrangap | kadya tatah aparik-parik ngajrihi | ujung jaja sacêngkal ||
21. sabongkot tal wêntisira kalih | tuhu ngebat-ebati kalintang | Prabu Lamdahur warnane | wadya umulat takut | lamun ana pinandêng liring | pucat tanpa upaya | ngalumpruk lir kapuk | agêng aluhur sêmbada | yèn ngandika gumalêgêr angajrihi | kadya rug kang prabata ||
22. kang munggèng ngarsa sri narapati | Prabu Orang Kaorang ing Laka | tur sêmbah alon ature | pukulun sang aprabu | wontên mêngsah saking Mêdayin | senapatining yuda | Menak Jayèngsatru | kang dadya ibnu suraya | sri narendra botên nindaki pribadi | mungkur karya suraya ||
78. Pangkur
1. abaris Talgêlur gènnya | pun Buwartal magut kasoran jurit | anungkul sabalanipun | malah rama paduka | ing Salebar mangkya amanggihi mêthuk | pinondhongan kang satriya | dhatêng ing prajanirèki ||
2. badhe mantune sang nata | Sri Nusirwan Kêlana Jayèngmurti | sagah ing samangsanipun [samang...]
--- 1: 430 ---
[...sanipun] | kala dhatêng pabeyan | wung sawidak wadyanipun sang aprabu | nom-anom punggawanira | gangsal èwu kang prajurit ||
3. prandening tan olèh lawan | pun Buwartal kajodhi dèn talèni | ngandika Prabu Lamdahur | pira dêdêg satriya | kang pêparab Kêlana Anjayèngpupuh | lawan prajurite pira | Prabu Kaorang turnya ris ||
4. ature kang tur uninga | pan pidêgsa sêdhêng dêdêgirèki | botên agêng botên luhur | abagus mawi cahya | anêlahi kalih yuta balanipun | lan bêbantonipun bala | longkang kawan dasa ari ||
5. praptanipun ing pabeyan | kang prajurit lawan gustinirèki | guguk gumujêng sang prabu | iya kalinganeya | nora tuku warta adol prungon iku | satriya kang lagi prapta | yèn ingsun agêng tur inggil ||
6. lan gêdhene gadaningwang | apan bobot sèwu satus mas kati | jinunjung wong têlung atus | prandene datan kangkat | lawang kutha sun antêbi lêbur ajur | luluh pan dadya bantala | prajurit tur pirang kêthi ||
7. prasamya ajrih umiyat | ratu mănca samya ajrih ningali | mring gêdhene gadaningsun | baya sêlak kasêsa | gone tămpa gêganjaran putri ayu | lah iya têka ênêngna | dimèn prapta kutha mami ||
8. dèn padha tambuh kewala | iya besuk sun cêkêle pribadi | sun karya mêng-amêng iku | nahên ta ingkang lagya | gunêm kawis satriya lan para [pa...]
--- 1: 431 ---
[...ra] ratu | warnanên wau lampahnya | Kêlana Jayadimurti ||
9. lawan Sang Prabu Sahalsah | nênggih saha bala gumêrah atri | ing Sêrandil pan wus rawuh | rêrêp dhusun ampeyan | saking kitha kari lakon kawan dalu | bêngawan gêng wus kawuntat | arêrêp sadaya sami ||
10. Wong Agung Menak angatag | mring kang rama Menak Abas nênulis | pan nênumbuk ing Lamdahur | muni tunggul panantang | Menak Abas anênurat datan dangu | wus katur kang punang surat | mring Kêlana Jayèngmurti ||
11. sinungakên Umarmaya | dyan umêsat marang nagri Sêrandil | ing marga datan winuwus | darojog mring jro kitha | duk sineba sira Sang Prabu Lamdahur | munggèng patarana êmas | supênuh pra mănca aji ||
12. wontên Samiriyo prapta | ingkang kinèn karya makutha dadi | kang têngga manguntur matur | yèn wontên duta prapta | nênggih saking pun Kêlana Jayèngpupuh | witning warnane kang duta | dene kayungyun nucudi ||
13. Bathara Sêrandil mojar | timbalana caraka ingkang prapti | sigra tinimbalan sampun | Marmaya lincak-lincak | Sri Lamdahur tumingal suka angguguk | piyada dèn parèng ngarsa | kinongkon apa sirèki ||
14. Marmaya ngaturkên surat | tinanggapan marang Natèng Sêrandil | binuka sinuksmèng kalbu | têmbunge punang surat | layang ingsun Dyan Kêlana Jayèngsatru | kang kasub kaonang-onang | Kakungingrat Jayèngmurti ||
15. prawira di murtèning [mur...]
--- 1: 432 ---
[...tèning] rat | kang minăngka putra suralaya ji | pêpakuningrat Mêdayun | kasumbung Jayèngrana | ingkang dhingin pêpuji marang Hyang Agung | kapindho marang utusan | iya Jêng Nabi Ibrahim ||
16. têkaa marang ing sira | hèh Lamdahur narendra ing Sêrandil | wruhanira lakuningsun | ingutus mring sang nata | ing Mêdayin kinèn bănda ing sirèku | yèn sira nora nungkula | ing salakuningsun iki ||
17. ing besuk ingsun cêngkalak | ingsun gawa bêbandan mring Mêdayin | yèn mogok sun gawa lampus | sun cangking murdanira | yèn sira rêp urip mapaga maring sun | ngaturna panungkulira | barana kang adi-adi ||
18. Sri Lamdahur duk miyarsa | langkung duka sêrat sinêbit-sêbit | binucal ngandika asru | hèh kakang Rajèng Laka | baya bêcik kang dèn ajarakên iku | makutha ngong lagya dadya | nuli ana surat prapti ||
19. makutha mêksih nèng ngarsa | Umarmaya nêmbah umatur aris | patikbra mulat pukulun | makutha padukendra | langkung pelag mantên kathah warnènipun | nanging kang mawi kuciwa | awone netrane sami ||
20. rêtna kang munggèng makutha | dèrèng pantês kagêm ing paduka ji | ngandika Prabu Lamdahur | sira wruh intên pelag | Umarmaya sigra dènira umatur | inggih ugi pan kawula | anake wong nyarawèdi ||
21. yèn mangkono tingalana | sarwi mengo kêcoh sri narapati | mangsit wong tunggu manguntur | samya
--- 1: 433 ---
kinèn prayitna | makutha wus pinaringkên Marmayèku | mara sira tingalana | intêne kang ala êndi ||
22. makutha wus tinampanan | Umarmaya sarwi ngiling-ilingi | punika ingkang hèr laut | hèr gêni lan hèr kêmbang | dèrèng pantês yèn kagêma ratu agung | sampun ngantos katrocoban | inggih samia hèr thathit ||
23. sawusnya matur mangkana | Umarmaya malêsat sigra lari | opyak samya kinèn bujung | gègèr ing panangkilan | Umarmaya dêdêl nglumpati manguntur | kêbat malêsat lir kilat | tan ana bisa nututi ||
24. wadya matur tan kacandhak | lumpatipun pukulun kadi thathit | sri narendra langkung bêndu | inggal pêlananana | si magêloningsih pinêlanan sampun | dipăngga wus munggèng ngarsa | têdhak sang prabu wus nitih ||
25. sarwi ngandika mring bala | sanegaa sun lude si mancuri | angapusi makuthèngsun | sarya mêlak dipăngga | ngundha gada Ki Umarmaya andulu | lamun nuruti sang nata | nampèl wêntis kadya thathit ||
26. prapta sajawining kitha | kumalebat Ki Umarmaya kèksi | sang aprabu nguwuh-uwuh | mati ko Umarmaya | ajur mumur katiban ing gadaningsun | Ki Umarmaya lêlewa | lamun têbih angêntèni ||
27. yèn cêlak nulya lumajar | langkung duka sang prabu aningali | tinut saparan lumayu | Marmaya manjing wana | kèndêl ngungak-ungak ampingan wit bulu | tinarka măngsa banjura |
--- 1: 434 ---
kaya bali mring nagari ||
28. tan adangu kapiyarsa | ting garêpêk kang kayon kapalipis | ing dipăngga lampahipun | kagyat Ki Umarmaya | ala têmên Lamdahur têka anusul | nampèl wêntis Umarmaya | malêsat kêbat lir thathit ||
29. dungkap têpining barisan | Alamdahur tinolèh tan kaèksi | eca Marmaya lêstantun | anggung nolèh ing wuntat | kang makutha cinangking sarya lumayu | mangkya manjing pasewakan | kagyat kang samya ningali ||
30. praptèng pakuwonirambyah | duk siniwi marang sagung narpati | kagyat Umarmaya rawuh | gos-ênggos mêgap-mêgap | pan gumujêng sagung ingkang para ratu | Marmaya atur makutha | mundur matur solahnèki ||
79. Durma
1. pan puniki makuthane Rajèng Selan | kêni kula apusi | langkung trusthanira | wau Sang Jayènglaga | tinutur solahing nguni | wus tinanggapan | marang Sang Jayèngmurti ||
2. samya ebat sagunging ingkang tumingal | marang gêdhene nênggih | kêlawan akathah | hèr bumi lan hèr kêmbang | hèr laut lawan hèr thathit | pan angandika | Wong Agung Jayèngmurti ||
3. Si Lamdahur gêdhe kêtarèng makutha | sagung para narpati | tan ana sêdhênga | kadi logro sadaya | matur Radèn Pulangwêsi | lamun sêmbada | mangkya pun Umarmadi ||
4. agêng datan pati yèn inggil punika | nanging pun Umarmadi | ratu dhedhuk dhedhas | mèsêm Sang Wirèngrana [Wirèngra...]
--- 1: 435 ---
[...na] | pinaringkên Umarmadi | saha wotsêkar | nganggya sêdhêng sayogi ||
5. angandika alon Risang Jayèngrana | kaya pa Marmayèki | ingsun arsa wruha | lah iya ing sakêdhap | marang Si Lamdahur iki | kaya pa tingkah | Marmaya turira ris ||
6. lamun arsa pukulun kêdah yun wikan | tuwan nitih turanggi | suwawi mring wana | pukulun lan kawula | ywa mawi wadya satunggil | katiga lawan | pun kalisahak nênggih ||
7. pun Lamdahur wau anusul tut wuntat | duk kula nampèl wêntis | nanging tan anyandhak | sigra pun kalisahak | nulya kinakapan aglis | lan winawratan | sagung dandanan jurit ||
8. sigra nitih turăngga Sang Jayèngrana | Umarmaya tan kari | nèng wurining kuda | rikating lampahira | wus prapta ing wana aglis | Sang Rajèng Selan | duk lagya mêlèk èsthi ||
9. kagyat Alamdahur anon wong lumampah | katiga lan turangi | kèndêl Ki Marmaya | matur marang wong Menak | punika Natèng Sêrandil | ebat tumingal | Wong Agung Jayèngmurti ||
10. Umarmaya nyalimpêt ana ing wuntat | Lamdahur datan pangling | lamun Umarmaya | umpêtan anèng wuntat | Prabu Lamdahur sru angling | wong ngêndi sira | warnamu nom apêkik ||
11. sapa ranmu lan ing ngêndi prajanira | dèn iring buron mami | ywa ngukuhi sira | apan iku wong ala | duwe dosa marang mami | êndi ulungna | sun antêbane [antê...]
--- 1: 436 ---
[...bane] bindi ||
12. si kuthila dimèn ajur lan pratala | Jayèngrana nauri | yèki pan wong ingwang | yèn sira katambuhan | ingsun satriya Mêdayin | ingkang pinutra- | putra danu sang aji ||
13. iya ingsun kawijilan saking Mêkah | kang sumanggup ngarsa ji | nalèni mring sira | kaonang jagat traya | kang nêmbahkên mring pra aji | gumuyu sênggak | Lamdahur sru dènnya ngling ||
14. kalingane sira mungsuh ingkang prapta | pangirid ing Mêdayin | kang sanggup mukula | iya nagara Selan | yèn pêcah kutha Sêrandil | kang sumanggupa | amocok jăngga mami ||
15. yèn kêlakon amocok jangganing raja | tămpa bang-êbang putri | iya tukon ingwang | sira kang aran Ambyah | misih jèdhèng sanggup wani | ambêdhah praja | lawan ta sira iki ||
16. durung madêg narpati misih satriya | wani nglawan ing mami | apan ingsun raja | lah dèn prayitna sira | sangganên panggada mami | wong Menak sigra | kudhung parisirèki ||
17. sigra Raja Lamdahur amutêr gada | sarêng têmpuhing lori | bajra nglud siyutnya | ana prabawanira | lir prahara nêmpuh wukir | mubal dahana | paris katêmpuh bindi ||
18. asru sênggak Raja Lamdahur lingira | hèh ajur sira Amir | dupi kacatmata | tan osik saking asta | hèh Amir èstu prajurit | sun nyana sira | wus awor lawan siti ||
19. dene sira Mir Ambyah misih taruna | têka kêlar nadhahi | ing panggadaningwang | sun [su...]
--- 1: 437 ---
[...n] gadakkên gapura | kuthagara Selan iki | amung sapisan | kutha rêmuk katapis ||
20. iya saking luwih gunge gadaningwang | kuwate asta mami | hèh Amyah malêsa | apa kang anèng sira | ngandika Sang Jayèngmurti | yèn wis ping tiga | sun walês sira mangkin ||
21. Alamdahur angingêr dipangganira | sarwi anggada malih | lir rug kang prabata | gumlêgêr kang awiyat | orêg lindhu ing wanadri | bumi prakêmpa | anglir ngrubuhna langit ||
22. akèh sato kabarasat ngungsi guwa | kagyat tibaning bindi | gonjinging pratala | kudanjrit kalisahak | wulunya barêbês gêtih | ewamangkana | astane Jayèngmurti ||
23. datan osik ngikal băndabayanira | angling Prabu Sêrandil | nyata yèn prawira | hèh Ambyah ta ragèngwang | anggadaa gunung wêsi | tan wande rêbah | ing gadaningsun iki ||
24. sigra ngangkat gada saking putra Kebar | Wong Agung Jayèngmurti | Lamdahur tumingal | suka dènnya ngandika | dudu layak Jayèngmurti | gadane bocah | kang sira anggo jurit ||
25. gadaningsun iki ta sira gantia | inguncalakên aglis | prayitna sinăngga | dene Sang Kakungingrat | ingulukakên wiyati | lir alap-alap | saalap duk kaèksi ||
26. ciptanira Lamdahur tiba ing jaja | pêsthi ajur Si Amir | tan wruh yèn cinandhak | ingulukakên tawang | udhune cinandhak malih | ingundha-undha | ebat Prabu Sêrandil ||
27. duk [du...]
--- 1: 438 ---
[...k] pinutêr gada gêng munggèng ing asta | ngandika Jayèngmurti | hèh Sang Natèng Selan | sun walês dèn prayitna | ing gadanira pribadi | kudhung sang nata | ing parisira wêsi ||
28. Jayèngmurti ngadêg saluhur kêkapa | sarwi nyabêt turanggi | kuda kalisahak | pêsate lan bantala | tigang dhêpa winitawis | sarwi anggada | udhune Jayèngmurti ||
29. gênging bindi kuwate panggadanira | rosane kang nadhai | gigiring dipăngga | tugêl wus tibèng lêmah | Lamdahur tiba kuwalik | karangkang-rangkang | obah bêbalungnèki ||
30. ingkang satus rong puluh bêbalungira | ngungun Natèng Sêrandil | bêkuh narik pêdhang | sukune kalisahak | kang arsa sinabêt aglis | Sang Jayèngrana | têdhak saking turanggi ||
31. pan jumênêng nèng ngarêpe kalisahak | pêdhang-pinêdhang nuli | lan gada-ginada | rame nèng dharat samya | satêngange dènnya jurit | Lamdahur mojar | pan wus suwe prang iki ||
32. kuciwane Ambyah nora na kang surak | tan ana kang ningali | mung kayu lan lêmah | kang wruh ing yudaningwang | bêcike ta Jayèngmurti | angundang bala | anaa kang nyuraki ||
33. hèh wong Menak payo mring kêdhaton ingwang | sira ingsun têtami | besuk malih aprang | sêdhêng ta mari sayah | sakarsanira ing mangkin | sun nurut iya | sigra sarêng lumaris ||
34. praptèng păncaniti misih para nata | wau kang samya nganti | marang gustènira | sigra Lamdahur
--- 1: 439 ---
nyandhak | astanira Jayèngmurti | kinèn alênggah | nèng padmasana kingkin ||
80. Asmaradana
1. nulya Sang Natèng Sêrandil | wus lênggah munggèng wijoan | ngarsane Jayèngpalugon | lawan sagung para nata | punggawa mantri Selan | dene praptane sang prabu | bêkta mungsuh ingurmatan ||
2. sagung punggawèng Sêrandil | samya kinèn anêmbaha | mring mungsuh Jayèngpalugon | wus ngabêkti para nata | lajêng kang pêpundhutan | mijil saking jro kêdhatun | kang kalasănga wus munya ||
3. swaranira angêrangin | larih mubêng atimbalan | prayitna Jayèngpalugon | Lamdahur alon dêlingnya | pagene datan nadhah | têka mênêng sira iku | Jayèngrana lon ngandika ||
4. kaya pa gon ingsun bukti | marang ing sêsuguhira | besuk esuk aprang manèh | ingsun ta kêlawan sira | Raja Lamdahur lingnya | lamun mangkono sirèku | anginuma bae sira ||
5. sadaya anginum sami | nanging wong Menak nantaha | tansah agung prayitnane | tan arsa yèn linarihan | mring punggawa ing Selan | yèn alarih Marmayèku | anginum Sang Jayèngrana ||
6. sênggake munya ngêdhasih | sagunging kang para nata | punggawa Sêrandil kabèh | samya andhatêngkên suka | kêploke atimbalan | asri kang lêlawuh nayub | pan tinon awarna-warna ||
7. nata punggawa Sêrandil | miyat cahyane wong Menak | para mantri sakathahe |
--- 1: 440 ---
kadi tan samining jalma | sing mulat kaulapan | lir tranggana nglud sutèngsu | kadya banguning kartika ||
8. panangkilan ing Sêrandil | pama rinêngga markata | surêm sunaring pra katong | myang dyala binatu rêtna | iya marang ujwala | saingga jalma piturun | saking măndra endraloka ||
9. acipta rêsêping galih | punggawa mantri ing Selan | gustiningsun gêdhe gombong | iki satriya kang prapta | tan ana kalonglongan | wutuh bêntêt takêripun | cahyane mindha sasăngka ||
10. mangkana Sang Jayèngmurti | pamit mring Sang Natèng Selan | hèh sang nata ingsun miyos | mulih mring pakuwon ingwang | wong Menak sigra têdhak | Lamdahur ngatêr ing pintu | wong Menak wus nitih kuda ||
11. wau ta sagung narpati | punggawa mantri ing Arab | samya sandeya manahe | gustine dangu tan prapta | sira Prabu Sahalsah | rêmbag prasamya sumusul | kasaru duk praptanira ||
12. Wong Agung Jayadimurti | lan Wong Agung Tasikwaja | sêmana wus amakuwon | lajêng bujana kasukan | lan sagung para nata | tinimbalan munggèng ngayun | sagung satriya punggawa ||
13. awarta Sang Jayèngmurti | satingkahe Natèng Selan | lawan ta agêng luhure | narendra tanpa sasama | tuhu digdaya nyata | mangkana dènnya anginum | nutug sêdalu antara ||
14. enjing sagunging narpati | têngara anata bala | gumrah kêkirab punang wong |
--- 1: 441 ---
gumrah tri kang kalasăngka | samoa asanega | sawadya sajuru-juru | angêrgêp gêgamanira ||
15. lori gandhi kalawahi | duduk gada lêmbing cacap | sadaya anglud tunggule | rêmpêg lêlayu kakăndha | bandera warna-warna | kadya hyang-hyang wukir santun | kèksi saking ăntariksa ||
16. wadya kang sikêp jêmparing | endhe busur myang gadebag | datan kaliru prênahe | sira Sang Prabu Sahalsah | sampun munggèng ngayunan | miwah sagung para ratu | tanapi Raja Kistaham ||
17. têdhak Arya Jayèngmurti | kang wadya muntab bêlabar | prapta ing papan pêpandhèn | wus samya baris kalangan | lênggah Sang Kakungingrat | nèng wijoan palowanu | atap para natèng ngarsa ||
18. warnanên Natèng Sêrandil | Lamdahur sampun têngara | sumêkta wadyabalane | sagunging nata punggawa | miwah satriyanira | sawadya ajuru-juru | balabar yutan awêndran ||
19. saingga robing udadi | kadya têdhuh ing akasa | purwa wanardi têtunon | untabe bala ing Selan | lir giri gara-gara | budhal Sang Prabu Lamdahur | mêdal saking jroning kitha ||
20. bala gung panganjur baris | pangiriding para nata | Natèng Laka prabu ipe | Sang Raja Orang Kaorang | sumêrêg balanira | dyaja sri tinul lêlayu | ingkang sumambung ing wuntat ||
21. Sri Naranatèng Surati | Sang Raja Suratistaham | tinon asri gêgamane | nulya Sang
--- 1: 442 ---
Prabu ing Siyak | kêlawan Prabu Siyamsah |[9] ing wuri Natèng Trêngganu | lan Sang Natèng Batobara ||
22. bisikan Rajèng Bêrjasi | ing wuri Sang Natèng Prêsman | Raja Jiyansah arane | ing Jambi Raja Baskara | sumambung wurènira | ing Ngacih Raja Bintulu | ing Gêdhah Sang Raja Alam ||
23. sumambung Natèng Paracis | Raja Palkus namanira | ing wuri Natèng Sêpanyol | jêjuluk Raja Sahilman | kang sumambung ing wuntat | Sang Rajèng Inggris jêjuluk | anama Raja Sapardan ||
24. cinatur bala Sêrandil | bacingah awarna-warna | Inggris Paracis Sêpanyol | punika kang warni pêthak | ing Olan lan ing Prêsman | dene ingkang warni wungu | ing Maldewa Batobara ||
25. bala kang cêmêng Surati | ing Kêling lan ing Bênggala | bang-bang awak Minangkabo | sira Prabu Giwangkara | wonge abang sadaya | wong Manila ingkang biru | wadyane Raja Nasransah ||
26. cacahe măncanagari | wolung èwu lan salêksa | apan sakêthi mantrine | iya ingkang sinatriya | malim lan ulubalang | mila Sang Prabu Lamdahur | punjul sasamaning raja ||
27. sinêmbah para narpati | ngawulakkên para raja | tanpa wilangan balane | pan arsa ngrêbasèng yuda | mring Mêdayin nagara | yèn sampuna sêlak rawuh | dutane Prabu Nusirwan ||
28. satriya Anjayèngmurti | wau ta lampahing wadya | kang mêdal saking kuthane | prapta ing pêpandhe wiyar | katingal [ka...]
--- 1: 443 ---
[...tingal] bala Ngarab | wus samya dulu-dinulu | kadya paguting hèrnawa ||
29. Prabu Lamdahur duk mijil | nitih pun magêlasmara | wus panggih tata balane | têdhak saking ing dipăngga | munggèng palăngka rukma | ingayap kang para ratu | atêpung kapang kalangan ||
30. para nata ing Sêrandil | ing manah sami gambira | kadya mong mulat mangsane | aningali mungsuhira | majêng sarwi tur sêmbah | marang Sang Prabu Lamdahur | kêdah magut miyos ing prang ||
31. nanging Lamdahur tan apti | hèh sakèhe balaningwang | punggawa lan para katong | aywa na mêtu ing yuda | ingsun yèn misih gêsang | yèn wis sêmpal baon ingsun | ing kono sakarêpira ||
32. ngandika Prabu Sêrandil | hèh kakang Orang Kaorang | sira wus ngrungu yêktine | mungsuh iki yèn sun sawang | barise warna-warna | kang kulon pêtêng ngêndhanu | têpunge wetan bêranang ||
33. Prabu Kaorang turnya ris | sang nata kula miyarsa | kang kilès[10] gênggêng barise | wadyane Sang Kakungingrat | babêktan saking Arab | kang nêpungi wetanipun | barise Raja Kistaham ||
34. bêbantu saking Mêdayin | kang prapta kantun punika | bêkta sayuta balane | andêle Prabu Nusirwan | nênggih Prabu Kistaham | kang nate bêdhah praja gung | anyêngkalak para raja ||
35. mèsêm Lamdahur miyarsi | wau ta Sang Jayèngrana | ingayap punggawa andhèr | Prabu Kistaham nèng ngarsa | nyêlaki Umarmaya [U...]
--- 1: 444 ---
[...marmaya] | atêtanya wuwusipun | Marmaya ingsun têtanya ||
36. dêdêge Raja Sêrandil | saèstu agung apanjang | miwah gêdhene gadane | sumaur Ki Umarmaya | rupane Rajèng Selan | yèn sira takon satuhu | nyata yèn agung apanjang ||
37. nanging pawakane tipis | kuru kadya gêgarukan | dinulu angolèd-olèd | gadane agaronggongan | upama jinawila | ing dariji roro rubuh | mlopore kang awèh warta ||
38. dèn arani agêng inggil | gagah prakoswa digdaya | nanging ora kêdhah-kêdhèh | suka Sang Prabu Kistaham | wangsul marang gènira | akèn akêkapa sampun | kuda agêming ayuda ||
39. angrasuk kêprabon jurit | mojar mring putra sêkawan | kulup ingsun magut mangke | lamun ingsun matènana | iya mring Rajèng Selan | pasthi sawurine wudhu | măngsa na kang wani mringwang ||
40. lan ginanjar rabi putri | marang Bathara Nusirwan | gya nyandhak pêdhang parise | lajêng majêng mring ngayunan | anggèr amba magut prang | yèn pêjah Raja Lamdahur | murda katur ing paduka ||
41. ngandika Sang Jayèngmurti | bok sira nora kuwawa | nanging dèn prayitna bae | Si Lamdahur aprakosa | nêmbah Raja Kistaham | ingidèn mring Jayèngpupuh | mundur wus nitih turăngga ||
81. Durma
1. maju ngrana sira Sang Raja Kistaham | sêsumbar nguwuh tandhing | payo mêtonana | êndi ratu ing Selan |
--- 1: 445 ---
ing kene kêmbulan jurit | duk amiyarsa | Lamdahur lir sinêbit ||
2. nyandhak gada têdhak saking ing palangkan | nitih pun magêlori | rusak bala Selan | Lamdahur maring rana | tinon lir prabata siwi | luhur angiglag | ebat sagung ningali ||
3. sigra mêlak dipăngga Sang Prabu Selan | Kistaham aningali | ebat tur mangkarag | dulu Sang Prabu Selan | nglêgarang nèng luhur èsthi | Raja Kistaham | payus ciptèng jro ngati ||
4. tuhu nora ingsun dèn kênakkên ngojat | marang Umarmayèki | yèn ingsun mundura | wirang samaning raja | yèn tanggona ingsun mati | gugup kapêlak | nguwuh Natèng Sêrandil ||
5. hèh prajurit Mêdayin sapa ranira | kagyat sumaur aglis | ya ingsun Kistaham | gurune Amir Ambyah | andêl-andêling Mêdayin | gumuyu suka | sang prabu ing Sêrandil ||
6. wingi ingsun wus aprang lan sabatira | kuwate angliwati | mendah sira baya | liwat dening digdaya | sabatmu Si Jayèngmurti | prandening dibya | payo gadaa aglis ||
7. hèh Kistaham sira turune wong Menak | aja na nguciwani | ya ta ngundha gada | Kistaham julalatan | sarwi anggada narpati | tinangkis ngasta | gadane tibèng siti ||
8. nyandhak gada Lamdahur sarywa angucap | kudhunga paris wêsi | Kistaham dèn yitna | lah iya tadhahana | ya iki pêpukul mami | gada lumarap | Kistaham [Kistaha...]
--- 1: 446 ---
[...m] nibèng siti ||
9. angoncati kuda kang katiban gada | luluh ajur wor siti | mulat Umarmaya | nulya ngatêri kuda | Kistaham wus kinèn nitih | Sang Prabu Selan | ngayati gada malih ||
10. sigra dènnya Kistaham nyamêthi kuda | lumayu marang wuri | awor bala kathah | anulya ingadhangan | marang Ki Umarmayèki | nanging amêksa | dipun sirati wêdhi ||
11. ngucêk-ucêk mata sarwi nyabêt kuda | gumyak sagung ningali | solahe Marmaya | lawan sira Kistaham | Lamdahur rikat nututi | asru têtanya | marang Umarmayèki ||
12. hèh Marmaya pagene gurune Ambyah | têka lumayu jurit | sumaur Marmaya | dene guru punika | satrune mring Jayèngmurti | de mau sira | nora tutur mring mami ||
13. yèn Kistaham satrune mring gustinira | wêruha mau uwis | ajur ngastaningwang | sigra Prabu Marmadya | amit ing Sang Jayèngmurti | arsa magut prang | mêthuk Natèng Sêrandil ||
14. angandika wong Menak Marmadi aja | Si Alamdahur sêkti | bok sira tan năngga | matur Prabu Marmadya | nadyan angrubuhna langit | inggih kawula | kêdah arsa ngicipi ||
15. mèsêm Arya Jayèngmurti angandika | iya dèn ngati-ati | sigra nitih liman | ngêrgêm gêgamanira | prapta ing rana mêrpêki | Lamdahur sigra | sarwi ngiling-ilingi ||
16. pawakane Marmadi kang tiningalan | wong apa sira iki | tumandang ayuda | apa ta lurah
--- 1: 447 ---
jagal | mangan sêga rina wêngi | rupamu kiwa | wadhukmu jêjêmbêri ||
17. asru ngucap Marmadi nauri sugal | pagene sudi kardi | marang wêtêng ingwang | pan ingsun iki lurah | sakèhe para narpati | ngidhêp maringwang | balane Jayèngmurti ||
18. sru gumuyu Lamdahur asênggak-sênggak | tiwas têmên Si Amir | gawe lurah sira | angrèhkên para raja | tan pantês sira prajurit | patutmu iya | dadia lurah koki ||
19. rina wêngi anggêra ing pabêthakan | aywa dadi prajurit | tan panuju sira | sumaur Umarmadya | anak ratu agung mami | pan iya ingwang | jumênêng ratu luwih ||
20. kadang ingsun lanang patang puluh papat | padha duwe nagari | samya madêg nata | ywa mêjanani sira | nadyan ala rupa mami | jêr dadi raja | kêbat payo ajurit ||
21. Alamdahur mèsêm sarya ngangkat gada | kudhunga dèn abêcik | parisamu waja | ingsun antêbi gada | Marmadi kudhung tumuli | nulya ginada | mring Sang Natèng Sêrandil ||
22. kadya gêlap sakêthi tibaning gada | surak bala Sêrandil | măngsa ta uripa | wong dhedhuk mêngko sirna | nadyan bêbalunga wêsi | sungsum gêgala | măngsa wurunga pokik ||
23. apan anjrit Marmadi dipangganira | wulu barêbêl gêtih | mumêt panonira | gumêtêr sariranya | sigra Prabu Umarmadi | angangkat gada | sarwi nyiptèng jro ngati ||
24. sun gadaa Lamdahur parisanira | măngsa ta dadya kardi | lan ora [o...]
--- 1: 448 ---
[...ra] karasa | yèn ora kanthi akal | sun pilihane kang tipis | dipangganira | ingingêrakên ngering ||
25. gêgithoke Lamdahur kang dipun gada | jumbul sri narapati | asru wuwusira | si busung têrus ala | cidra tingkahirèng jurit | têka culika | ingsun nganggo ling-aling ||
26. ingkang tanpa ling-aling kang sira gada | dudu trape prajurit | Umarmadi mojar | singa-singa kang kêna | ujar padha rêbut jodhi | yèn sun gadaa | ing parisamu wêsi ||
27. iya măngsa karasa panggadaningwang | marma githok kang sun prih | nadyan tan matia | mumêta panonira | suda kuwatmu sathithik | ri wus mangkana | rame gènira jurit ||
28. sèlèh gada arame pêdhang-pinêdhang | pêdhang wus tikêl sami | gya rajang-rinajang | jirêt-jinirêt samya | sagêgamaning ajurit | wus tanpa karya | dènira prang salingsir ||
29. salin candhak-cinandhak ringan kalihnya | sang prabu ing Sêrandil | jinunjung tan obah | Marmadi tyase maras | binantinga ingsun iki | tan wande pêjah | sigra dènirambithi ||
30. netranira Lamdahur kagyat anjola | inguculakên aglis | bingung Prabu Selan | ing prang linawan cidra | Sang Prabu Selan lingnya ris | ywa pêrang cidra | iki ratu pênyakit ||
31. lah ta payo Marmadi sakarêpira | ing pêrang sun turuti | aywa sok acidra | nulya candhak-cinandhak | Marmadya arsa ambanting | nanging tan kangkat | junjung-jinunjung ganti ||
--- 1: 449 ---
32. Umarmadi ciptanira wus asayah | Lamdahur ika maksih | kuwat durung sayah | ingsun satêmah tiwas | sigra bithi netra kalih | surak gumêrah | wong Arab wong Mêdayin ||
33. Jayèngmurti suka dènira tumingal | solahe Umarmadi | wau kang ayuda | Lamdahur ciptèng nala | si busung iki pan isin | lamun mundura | yèn ora sun wiwiti ||
34. Umarmadi lah payo undur-unduran | ing besuk aprang malih | ywa liya kang mangsah | iya ngêmungna sira | Umarmadi ciptèng galih | bonggan wak ingwang | gêlêm mêtoni maning ||
35. sarêng mundur Lamdahur lan Umarmadya | têngara dèn têtêgi | mungsuh lawan rowang | sarêng bodhol barisnya | Marmadi praptèng ngarsa Mir | saha pranata | turira èsmu manis ||
82. Dhandhanggula
1. amakuwon Sang Surayèng Bumi | saha bala lajêng ăndrawina | lawan para ratu kabèh | miwah Prabu Lamdahur | amakuwon sagung narpati | kondur malêbèng kitha | bujana ing dalu | ing ratri tan winurcita | ya ta enjing muni têngaraning jurit | kêndhang gong asauran ||
2. sampun mêdal bala ing Sêrandil | munggèng papan tata tur agêlar | miwah bala Ngarab kabèh | wijahan palowanu | apinarak Sang Jayèngmurti | ingayap kang pra nata | punggawa gung-agung | sanengga saos ing yuda | ya ta sira Sri Naranatèng Sêrandil | sigra nitih dipăngga ||
3. kawrat sakêpraboning ajurit | anêngah
--- 1: 450 ---
ing rana pagundaran | sêsumbar Marmadi age | aywa liyan kang magut | nutugake ing aprang wingi | Umarmadi miyarsa | gumuyu amuwus | Si Lamdahur ika edan | wus amênêng dikon mêtoni ing jurit | gumyak sagung miyarsa ||
4. Natèng Jiyan sigra dènira mit | Prabu Arjan wus nitih turăngga | ingidèn wus mangsah age | praptèng payudan sampun | Alamdahur sigra mrêpêki | ngiling-ilingi mujar | sun sêngguh si busung | sira iku uwong apa | ingsun ratu tur kadang Natèng Kohkarib | iyèngsun sri panênggak ||
5. angêdhaton ing Jiyan nagari | payo apa kang ana ing sira | Lamdahur sun tadhahane | sigra Prabu Lamdahur | ngikal gada kudhunga paris | wus kudhung Sang Sri Arjan | gada gêng tumêmpuh | kadya gêlap abarungan | mêtu agni surake gumurih atri | mungsuh kalawan rowang ||
6. turăngga anjrit tinahan nênggih | Prabu Arjan sigra ngangkat gada | anggada ginada rame | gantya pupuh-pinupuh | Prabu Arjan lamun ambindi | tinangkis lawan asta | mring Prabu Lamdahur | yèn Alamdahur anggada | pan tinangkis lawan parisane wêsi | asta têngên ngêmu rah ||
7. sèlèh gada kang ayuda kalih | narik pêdhang pan pêdhang-pinêdhang | duduk-dinuduk arame | angling Prabu Lamdahur | wus mundura Arjan dèn aglis | sayah bok sira pêjah | Natèng Jiyan mundur | nulya Sang Nata Jalkuma | Natèng Kantal wus pamit mring Jayèngmurti | nitih
--- 1: 451 ---
dipangganira ||
8. praptèng papan Lamdahur gya angling | saparan ta sun Raja Jalkuma | marang Arjan sun arine | sigra asru pinupuh | surakira gumuruh atri | tan ana kang kasoran | wus kasamput dalu | mundur kalih kang ayuda | cinarita prange raja bala Amir | lawan prabu ing Selan ||
9. tigang wulan sabên dina jurit | Alamdahur tan angadu bala | angawaki sadinane | Marmadi kadangipun | patang puluh papat wêradin | aprang sadina sowang | samya dibyanipun | ratu patang puluh papat | sabên enjing amiyosi siji-siji | sakêmbaran sadina ||
10. kuwatipun sadaya pan sami | namung wolung rakit kang kêmbaran | Prabu Selan pangrasane | punjul sakadangipun | ratu ing Jongmirah kêkalih | Durdanas lan Durdanam | Kustur Malikustur | Kosani kêdhatonira | Raja Jeras Malijeras iku singgih | Baritma Maliritma ||
11. ing Sriwulan Jasma Karma nênggih | Raja Bariksa Sang Raja Sardal | Baruburni Natèng Singke | Ardiman Ardisamun | kalih prabu ing Betal pêkik | Raja Sarman kêmbarnya | Karman Natèng Klêmbu | kang prasami wrating yuda | Natèng Ngratan Sang Prabu Kanjir Mukanjir | liya punika samya ||
12. liya ratu kadange Marmadi | para nata prajuritirambyah | kang ngawaki sadinane | apêrang lan Lamdahur | Natèng Kebar Sri Yusupadi | ajurit tur sadina | Natèng Kangkan pupuh | Prabu Ukman prang sadina | ing Bradangkis [Bra...]
--- 1: 452 ---
[...dangkis] Sang Raja Dabarun Ali | aprang amung sadina ||
13. Raja Dirkabar nata ing Jabid | dènira prang lawan Prabu Selan | kêlangkung dènira rame | malah kasaput dalu | Natèng Lingkan Prabu Sirdanis | aprang amung sadina | Sang Raja Arkambun | narendra ing Mudalipah | prang sadina kêlawan Natèng Sêrandil | lamine cinarita ||
14. balanira Sang Surayèng Bumi | dènira prang apan kalih wulan | salin-salin sadinane | mundur kasaput dalu | sabên dina Lamdur ngawaki | jangkêpira tri wulan | prangira Lamdahur | gantya wadyabala Ngarab | mung wong agung ngawaki pitulas wêngi | surup mungkur hyang arka ||
83. Pangkur
1. pitulas dina dènnya prang | Alamdahur lawan Sang Jayèngmurti | ing sabên dina prang pupuh | tan ana kang kasoran | sakalihe samya karya tarub agung | rambat madyaning payudan | pan mangkana sabên ari ||
2. sèlèh gêgamaning yuda | tanpa karya miwah sakèhing gêndhing | cinêndhak caritanipun | amung kang prang wêkasan | tan winarna wêwah malih kathahipun | cinaturakên kewala | mangkana Sang Jayèngmurti ||
3. anèng têngah ranagana | dènnya aprang lawan Natèng Sêrandil | ngandika Sang Wirèngluhung | marang Sang Prabu Selan | tanpa wêkas prang iki pan kari amung | siji glar durung linakyan | lah payo banting-binanting ||
4. yèn kalah mênang pan inggal | sru gumujêng sang prabu ing Sêrandil | baya mêkasi sirèku [sirè...]
--- 1: 453 ---
[...ku] | sapa nora wêruha | lamun ingsun iki ta agung aluhur | sira nom lan durung măngsa | tan wande awor lan siti ||
5. yèn sira ingsun bantinga | angandika Wong Agung Jayèngmurti | iya apa karsèng prabu | dene arêbut bêgja | asru mujar Lamdahur ing sabdanipun | lah payo ubaya Ambyah | singa kang kasoran jurit ||
6. tinitahêna kawula | lamun sira kasoran lawan mami | tuwin kasorana ingsun | iya dadia bala | Jayèngmurti nglingira ya pa karêpmu[11] | pan ingsun nurut kewala | lah payo junjungên mami ||
7. mrêpêki Sang Rajèng Selan | ngadêg munggèng ngarsane Jayèngmurti | sigra nyandhak sang aprabu | sarwi asênggak-sênggak | baya iki Jayènglaga wêkasamu | urip anèng ngalam donya | saksana ingangkat aglis ||
8. jinunjung-junjung tan obah | pan sinêndhal-sêndhal datan akokih | rapêt siti ingkang suku | saya sru pangangkatnya | Rajèng Selan nanging mêksa datan kajunjung |[12] astanya angêmu rah |[13] netrane barêbêl gêtih ||
9. sukunya tumancêp lêmah | pan sajêngku nulya sru dènira ngling | hèh sira Sang Jayèngpupuh | baya dudu manuswa | ingsun angkat wanti-wanti tan kajunjung | malah iku sukunira | saya rapêt lawan siti ||
10. lah payo ganti dèn inggal | lah junjungên ingsun Sang Jayèngmurti | sigra nyandhak Jayèngpupuh | wangkingannya sang nata | apan sarwi anolih wadya ing pungkur | sigra
--- 1: 454 ---
Dyan Arya Marmaya | wus nampèni ingkang wangsit ||
11. mulukakên topongira | wadya Ngarab sadaya tutup kuping | miwah têtungganganipun | sadaya tinutupan | banderane linêlêtan myang têtunggul | miwah daludag sadaya | Dyan Umarmaya mangsiti ||
12. marang Arya Parangteja | angadhangi marang bala Sêrandil | dèn ulukakên Lamdahur | marang ing ăntariksa | mlêsat katon sapêksi ing tibanipun | cinandhak ingundha-undha | sigra ngulukakên malih ||
13. lir alap-alap sang nata | ebat sagung sadaya kang ningali | tinontonkên ing wadya gung | wus jangkêp kaping tiga | dyan tibane ing siti Prabu Lamdahur | sinarêngan lawan pêtak | gumlinting Natèng Sêrandil ||
14. tarutul Dyan Umarmaya | wus binănda kasrah mring Umarmadi | bala ing Selan angungun | kêkês dènira mulat | sagung ingkang punggawa matri malêdug | mung kari kang para nata | prasamya ngêsrahkên pati ||
15. asta dêgung pan akathah | dèn talèni nulya mundur kang jurit | wong agung sawadyanipun | ambêkta Natèng Selan | Alamdahur angucap pagene ingsun | tinalenan sinangsaya | sadurunging wus kajodhi ||
16. jangji singa kang kasoran | banjur ngabdi ngandika Jayèngmurti | iya sun uculi besuk | lamun uwis anabrang | mulih saka Selan ana tandhanipun | lamun sira kalah aprang | kèndêl Sang Natèng Sêrandil [Sêra...]
--- 1: 455 ---
[...ndil] ||
17. wus prapta ing pêsanggrahan | akasukan lan wadya pra narpati | Sahalsah Kistaham Prabu | samya munggèng ngayunan | Sang Aprabu Sêrandil wus tinalikung | mangkana Sang Kakungingrat | sakawonira sang aji ||
18. panyiptanira mangkana | apan tulus kagarwa sang rêtna di | dene Sêrandil bêdhah wus | ananging êbang-êbang | pinaringkên sang putri saput tyasipun | supe lamun siniwaka | mring sagung para narpati ||
19. punggawa miwah satriya | sangêt lêsah sariranya sang murti | rontang-ranting ingkang bayu | sare Sang Jayènglaga | nèng wijahan sakathahing para ratu | punggawa prasamya mêdal | mungging ing paseban jawi ||
20. Kistaham langkung switanya | tumut tugur anèng paseban jawi | tan mantuk pakuwonipun | sawungunya sang klana | pan amarna walgita wiyosing têmbung | apan ta baya ing benjang | èstu dadi garwa mami ||
21. kang akarya witing brăngta | wèh gawean mundhut samodra gêtih | nimbali Kistaham Prabu | praptèng ngarsa tur sêmbah | ngandika lon hèh Kistaham Sang Aprabu | bêkta pawongan madyarsa | kang bisa gerong mênyanyi ||
22. yèn sira duwe Kistaham | lamun dhangan gawanên ngarsa mami | sun karyane băndawayu | maria ing tyas ingwang | onêng maring rayi pyuningna katèngsun | sênadyan warnane ala | sok wijila ing Mêdayin ||
84. Mijil
1. Sang Kistaham nêmbah matur aris | mring sang prawira nom |
--- 1: 456 ---
inggih anggèr kawula pan darbe | èstri kalih wignya bêksa rangin | maksih kênya sami | winulang ing kidung ||
2. gih Jamsikin miwah puh Samsikin | namine punang wong | saking Turki anggèr pinangkane | antuk amba amboyong rumiyin | kala maksih sunthi | mangkya diwasa wus ||
3. kala alit wontên jroning puri | duk sinau gerong | nate dipun wulang pambaude | inggih dhatêng panêmbang ing puri | wêdalira inggih | pan kawula suwun ||
4. ing sang prabu amba kang rumiyin | ngaturi lalinton | kalih atus bêboyongan anggèr | Jayèngmurti suka duk miyarsi | mulia dèn gipih | wongira sun pundhut ||
5. Sang Kistaham wus nêmbah umijil | praptane pakuwon | animbali wus prapta kalihe | wadon Jamsikin lawan Samsikin | Kistaham lon angling | sira kalihipun ||
6. lah pinundhut mring Sang Jayèngmurti | padha kinèn gerong | Jayèngmurti asangêt wuyunge | marang gusti kusumèng Mêdayin | kinarya panglirih | karone pinundhut ||
7. yèn mulata wanădya Mêdayin | Sang Jayèngpalugon | pasthi dadi lipure brangtane | nanging sira iya sun warahi | ana karsa mami | dèn kêlakon tuhu ||
8. yèn kêlakon ngong ganjar wong kalih | saboboting uwong | intên mirah sapintên bobote | têrajonên timbange wong siji | lawan sira dadi | garwa padminingsun ||
9. angrèhêna sakèh
--- 1: 457 ---
garwa mami | mêngkua kêdhaton | ngabdèkêna wak ingsun pamane | wadon kalih tur sêmbah nyagahi | wus dèn babisiki | ênya iki racun ||
10. tamakêna mring Sang Jayèngmurti | sêdhênge lêluron | pêsthi sira ingandêl karone | sabab kaya panglipuring brangti | ri wusnya wêwêling | budhal lampahipun ||
11. seba marang pakuwone Amir | ngaturkên dyah roro | prapta pasowan jawi lampahe | lajêng ngandikan wus praptèng ngarsi | suka ingkang galih | Sang Prawirèngluhung ||
12. Rajèng Kistaham langkung nor asih | ngaturkên dyah karo | sakêlangkung ing kapracayane | Sang Kistaham wus mêdal ing jawi | ya ta Jayèngmurti | wau kang winuwus ||
13. pan kinanthi ing raina wêngi | anggung kinèn gerong | bêksa pêdhang lan bêksa parise | kastuti dènnya mrih rajaputri | abêksa calimprit | cacap lawan duduk ||
14. yèn amanthêng gandhewa jêmparing | lambungnya lir pêdhot | pan kacithak saparipolahe | Rêtna Muninggar yèn anjêmparing | bêksanira wasis | sawitning katiru ||
15. marma lilih dènira mong wingit | Sang Jayèngpalugon | wong kêkalih dadya panglipure | ya ta Prabu Sahalsah winarni | ingkang dèn pasrahi | ngayum para ratu ||
16. ing Sêrandil kang dipun pasrahi | jarahan kêdhaton | anataa miwah boyongane | ingkang badhe binêkta Mêdayin | lawan kang binagi | sagung para ratu ||
17. wadya [wa...]
--- 1: 458 ---
[...dya] Sêrandil kang samya prapti | mring Sahalsah Katong | bupati kang amănca cacahe | salêksa lan wolung èwu nênggih | sabên dina prapti | sêsuguh lumintu ||
18. mantri sakêthi ingkang anyaosi |[14] tundhan palwa uwong | saos wong Menak lamun budhale | kundur marang nagari Mêdayin | mangkana ing ratri | sagung para ratu ||
19. ingandikan akasukan sami | gumêrah kêndhang gong | pêpundhutan lumintu wêdale | linadoskên kang para narpati | midêr punang larih | bujana manayub ||
20. wusnya sayah ing samadya ratri | sagung para katong | samya mêdal mantuk pakuwone | Prabu Sahalsah Kistaham sami | tuwin Umarmadi | lan sakadangipun ||
21. kang ingandhêg wong agung kêkalih | ngladosi kang anom | lan wong wadon kêkalih rowange | Umarmaya lan putra Ngalabi | nanging Jayèngmurti | sayah kawaringut ||
22. sêsarean sănggasta Sang Amir | sangêting kawuron | Umarmaya kêlangkung aripe | yayi Maktal karia sirèki | ingsun arsa mijil | sangêt arip ingsun ||
23. parandene na rowangirèki | lan wong wadon loro | nulya mêdal Ki Umarmaya ge | praptèng pakuwon lajêng aguling | wau ta kang kari | kang anggung angantuk ||
24. karepotan bisa nayuti |[15] nulya sira miyos | mari wijil pisan nulya sare | Radèn Maktal ciptanirèng galih | parandene iki | ana kang atunggu ||
25. wadon [wa...]
--- 1: 459 ---
[...don] Samsikin lawan Jamsikin | marmanya pitados | mêksih sami atêngga kalihe | ya ta Wong Agung Parangtejaning | amor dènnya guling | lan wong tunggu pintu ||
26. ya ta wau kang sakeca guling | Sang Jayèngpalugon | èstri kalih nèng kanan keringe | antuk kaladesa amarêngi | sêpi kang prajurit | arip kanthinipun ||
85. Kinanthi
1. sigra dènnya ngambil racun | sira ni wadon Jamsikin | lawan Samsikin prasamya | wus jinur munggèng ing kupi | mangkya yèn wungu ingadhang | manawa amundhut larih ||
2. tan antara nulya wungu | andangu Sang Jayèngmurti | yayi mas ing Parangteja | dene tan ana kaèksi | lan kakang ing Tasikwaja | karo padha ana ngêndi ||
3. Rêtna Jamsikin wotsantun | kalihipun samya mijil | kadya yèn sangêt aripnya | sadangune anèng ngriki | samya ngantuk arenggotan | datan sagêd anyayuti ||
4. Sang Jayèngmurti amundhut | larih mring Rêtna Jamsikin | linadosan kang lawaran | kaping kalih kaping katri | dupi mundhut ping sêkawan | kupi kang dipun racuni ||
5. larih tinanggapan sampun | gumêtêr astanira Mir | pagene ta astaningwang | anăngga gêlas sathithik | astaningsun tan kuwawa | gumêtêr kapati-pati ||
6. ngundha gadane Lamdahur | gêdhene angêliwati | parandene tan rêkasa | iki ta gêlas sathithik [sathi...]
--- 1: 460 ---
[...thik] | apa ta bayèki wisa | nadyan wisaa sayêkti ||
7. măngsa wandeya sun inum | saking sêtya tuhu mami | maring ing yayi Muninggar | apan darma Si Jamsikin | awake iku minăngka | ciptaku sang rajaputri ||
8. saksana nulya dèn inum | angrabda wisa mranani | Wong Agung Menak aniba | tansah unggyanira linggih | gumuling sangêt kantaka | amung kakêtêg kang maksih ||
9. sasigar sariranipun | kang sapalih wisa mandi | dene sasigar tan pasah | wisa mêdal tan tumami | lir terong kulup kang warna | sasigar lir mas sinangling ||
10. wong wadon roro lumayu | mêdal ing kori kinunci | wangsul mêdal bêbutulan | mangkana ingkang winarni | gulang-gulang Umarmayan | langlang angidêri baris ||
11. Trajualam namanipun | Sapualam kang satunggil | kalih punika lêlurah | yèn dalu tan ana guling | andêl-andêl Umarmayan | lurah tăndha tukang maling ||
12. pakuwone para ratu | sadaya dipun langlangi | yèn kala wiwit alanglang | pasanggrahan Jayèngmurti | kêlamun sampun sadaya | wangsul marang dalêm malih ||
13. malipir banoning pungkur | kapêthuk èstri kêkalih | miyos saking bêbutulan | tingkahe kaya wong wêdi | lêlurah kalih graita | inggal dènira ngadhangi ||
14. wus cinêkêl kalihipun | binêkta mantuk tumuli | nulya dhodhog pasarean | kagyat dharakalan tangi | wong agung ing Tasikwaja [Tasi...]
--- 1: 461 ---
[...kwaja] | mêdal pêdhange cinangking ||
15. lêlurah kalih umatur | anggèr pawongan kêkalih | mêdal saking bêbutulan | tingkahipun lir wong ajrih | kang juru larih punika | Ki Umarmaya ningali ||
16. èstu pa gerong binaut | Jamsikin lawan Samsikin | Ki Umarmaya têtanya | mulane minggat sirèki | apa ta wadine baya | mring Gusti Sang Jayèngmurti ||
17. yèn sira tan warah tuhu | sayêkti ingsun patèni | yèn sira warah tur wêca | sun uripi sun luwari | wong wadon kalih dhrodhogan | tanpa upaya onggèki ||
18. wong roro sarêng wotsantun | milane kesah pan ajrih | nênggih pun Raja Kistaham | akèn ngracun Jayèngmurti | ing wau sampun palastra | pun Kêlana Jayèngmurti ||
19. kagyat Marmaya angrungu | sigra pêdhange tinarik | kalih tugêl pinêdhangan | Ki Umarmaya nulya glis | wangsul marang pasanggrahan | malêbêt Umarmayèki ||
20. kêpanggih Sang Jayèngpupuh | gumuling kadya ngêmasi | sariranira sasigar | tan pasah lir mas sinangling | kang pasah amung sasigar | lir terong kulup kang warni ||
21. tambah-tambuh solahipun | wau Ki Umarmayèki | pinondhong mring pasarean | Umarmaya sigra mijil | angulari Radèn Maktal | kêpanggih mêksih aguling ||
22. tunggal lan wong tunggu pintu | ginugah anulya tangi | hèh Maktal kaya pa sira | atunggu kakangirèki [kakangi...]
--- 1: 462 ---
[...rèki] | pagene ta sira tinggal | Radèn Maktal anauri ||
23. marmane kakang ngong mêtu | karipan kapati-pati | kang sun pênging lunga-lunga | pawongan ika kêkalih | Marmaya sru wuwusira | ing mêngko ana ing ngêndi ||
24. pawongan kang sira tuduh | lah payo mring dalêm aglis | iku lah tênaganira | atunggu kakangirèki | lah mêngko dêlêngên uga | Kêlana Jayadimurti ||
25. praptèng pasarean sampun | katingal Sang Jayèngmurti | wong agung ing Parangteja | ngrungkêbi suku manangis | saput ing tyas lir wanodya | alara-lara anangis ||
26. Arya Tasikwaja muwus | hèh Maktal paran sirèki | dèn aririh nalarira | wis mênênga ywa anangis | măngsa ta silih warasa | labête sira tangisi ||
27. paran ta budinirèku | Radèn Maktal anauri | yèn sira anglilanana | pasthi ngong mêngko pêpulih | kang duwe panggawe ala | sun balinga yèn tan mati ||
28. lêbura ing astaningsun | kakang ing sawêngi iki | sun amuke Si Kistaham | sira tunggua ing ngriki | sumaur Dèn Umarmaya | akasap pikirmu yayi ||
29. ngupaya pikir kang lêmbut | kang kêpenak dèn lakoni | pikirmu kang mau ika | bêbudène rare cilik | abêcik sira ngundanga | sagunging para narpati ||
30. Prabu Sahalsah ywa kantun | iku kang sêpuh pribadi | lawan kang duwe wasesa | iya ing Sêrandil iki | pêsthi budine polatan | wong tuwa pikire
--- 1: 463 ---
luwih ||
31. Wong Agung Parangteja wus | mêdal sapraptaning jawi | angundhangi para nata | ngumpul tan na wisik-wisik | malêbêt tan ana gawa | rewang myang punggawa mantri ||
32. Prabu Sahalsah tan kantun | praptèng jro sarêng ningali | manduk manangis sadaya | ing pada myang kanan kering | samya prihatin kalintang | gêng trêsna sabaya lalis ||
33. apan usrêk atup rubung | yayah rêbah tanpa kanin | kabèh tan amanah cêndha | pringgala mring Jayèngmurti | amung Sang Prabu Sahalsah | anjêtung-jêtung tan angling ||
34. Ki Umarmaya amuwus | sagunging para narpati | sirêpa ywa na karuna | ngupaya pikir kang ririh | kang prayoga linampahan | sirêp sagunging narpati ||
35. Ki Umarmaya umatur | mring Salsah paran karsa ji | ngandika Prabu Sahalsah | lah anak Umarmayèki | punika yèn sira nêngna | tanpa wêkas walangati ||
36. anggèr sayah gêrahipun | miwah yèn nuli miyarsi | marang Sang Raja Kistaham | sayêkti ika nêkani | agawe keroning manah | tambuh mungsuh tambuh gusti ||
37. nêdyaa amapag mungsuh | kuwatir atilar gusti | iki yèn kayun manira | yèn rêmbag para narpati | sun gawa manjing jro kitha | nadyan Kistaham nêkani ||
38. wus pênêd pirantènipun | linawanan sawêtawis | sêdhêng wuri budidaya | ngulati kang mausadi | bok ana wong guna bisa | mulyakêna kangjêng gusti ||
39. Ki Umarmaya macucu |
--- 1: 464 ---
dènnya kaprayogan pikir | riyêg sagunging narendra | tan ana suwalèng kapti | sigra amundhut jêmpana | kinarya mawrat ing gusti ||
40. wong Sêrandil punggawa gung | kang samya kinèn rumiyin | lawan angusung panjara | Lamdahur kang dèn sakiti | wus budhal punggawa Selan | kêbut prasamya angiring ||
41. ing panjarane Lamdahur | mangkana Sang Jayèngmurti | inginggahakên jêmpana | pinikul para narpati | jêjêl ngampingi jêmpana | wus kêbut sagunging baris ||
42. têlasing sami sadalu | nanging tan ana baribin | lampahe praptèng jro pura | sagunging kang pra dipati | pinatah atunggu lawang | malatar tata abaris ||
43. Sang Jayèngmurti pan sampun | pinrênah ing kênyapuri | tinêngga ing para nata | dene kang rumêksèng jawi | manawa na mungsuh mrêpak | sagung satriya dipati ||
44. dene Sang Prabu Lamdahur | pinanjara nèng sitinggil | rinêksèng ratu sadaya | sèwu kang satriya mantri | tuwin kang mantri santana | prasamya rumêksèng wuri ||
86. Pangkur
1. ing dalu tan kawurcita | wus raina Kistaham kang winarni | sowan marang Jayèngpupuh | saha punggawanira | sabên enjing punika pasowanipun | wus prapta pakuwon Ambyah | nyênyêd kêpanggih asêpi ||
2. ngungun Sang Prabu Kistaham | nulya mingêr ngiwa ngidêri baris | tumon cêngêl gumalundhung | pisah lan gêmbungira | nulya kèndêl Kistaham sawadyanipun | ingiling-ilingi [ing...]
--- 1: 465 ---
[...iling-ilingi] sigra | èstu sirahe Jamsikin ||
3. wadon Samsikin kalihnya | angandika Kistaham marang siwi | hèh kalingane nak ingsun | Si Ambyah wus palastra | pratandhane wong wadon kalih linampus | mila bala ngungsi kitha | dene gustine ngêmasi ||
4. lah ta payo balaningwang | tinandangan ginêpuk kuthanèki | tinumpês sadayanipun | balane Jayèngrana | parandening gustine wus kênèng racun | mulane bala mring kutha | jêr gustine wus ngêmasi ||
5. Kistaham nêmbang têngara | gumrah ingkang punggawa tata baris | bala sayuta wus kumpul | miwah putra sêkawan | ngrêmpak kutha wadya gung surak gumuruh | gêgaman wus pinarapat | êlor kidul dèn barisi ||
6. miwah kulon lawan wetan | pan sadaya sampun dipun barisi | bêdhil-binêdhil gumuruh | wong jro tan ana mêdal | apan Prabu Sahalsah tan awèh mêtu | miwah wadyabala Ngarab | eca samya têngga gusti ||
7. balaning Raja Sahalsah | kang mapag prang kabèh bala Sêrandil | aprang saking jro kuthèku | wadya jro eca-eca | balanipun Kistaham tan patya purun | samya prang saking kadohan | mangkana para narpati ||
8. kang sami têngga wong Menak | pirêmbagan Radèn Umarmayèki | marang Sahalsah umatur | paran karsa paduka | angandika ing ngriki wontên dhêdhukun | pan sabên wontên wong lara | gih punika kang nambani [namba...]
--- 1: 466 ---
[...ni] ||
9. Talgêlur padhukuhira | gèning tabid lêlakon pitung bêngi | wontên silih wadyaningsun | kang tate kula duta | pitung dina dèn lakoni tigang dalu | pêparab Baratkatiga | Bahram namining sayêkti ||
10. matur Radèn Tasikwaja | yèn suwawi utusana tumuli | Bahram tinimbalan sampun | prapta ngarsa narendra | angandika Sahalsah Bahram sun utus | maringa ing Ujungtawang | timbalana Nukmanakim ||
11. sun wangêni têlung dina | dèn kagawa iya Si Nukmanakim | Baratkatiga wotsantun | mêsat saking ngayunan | Umarmaya tan sakeca manahipun | bok kêna kinamadaka | anyilip Marmaya mijil ||
12. sapraptanira ing jaba | nampèl wêntis mêsat pan kadya thathit | êlêt sadintên sêdalu | Bahram lan Umarmaya | tan adangu Bahram kacandhak marga gung | Marmaya amalih warna | rupa rare angon kambing ||
13. awor rare angon unta | sarwi bêkta kaluwa sakuwali | lèrèn soring mandera gung | eca mangan kaluwa | Bahram sayah sêmana mèlu angaub | anon wong mangan kaluwa | Bahram kalirak-kalirik ||
14. Bahram kaliwat kasatan | arsa jaluk dadya têtakon aris | rare ing ngêndi sirèku | Umarmaya saurnya | ingsun rare angon unta lawan sênuk | mêntas gêrêg untaningwang | sayah lèrèn marang ngriki ||
15. sira iku kalirikan | ngolod-olod ningali [ni...]
--- 1: 467 ---
[...ngali] kalwa mami | Bahram alon sauripun | liwat kapengin ingwang | lamun sira wèwèh liwat trimaningsun | anulya wau sinungan | kang cinarub darubêsi ||
16. kaluwa wus tinanggapan | marang Bahram sigra pinangan aglis | nêdha dèrèng kongsi tutug | darubêsi angrêda | dyan macicil Bahram niba gumalundhung | gumuling anèng bantala | sigra dènira dhèdhèli ||
17. sapangadêge sadaya | wus ingangge marang Umarmayèki | nulya malih sêdyanipun | kaki Bagendha Iskhak | amba nêdha rupakêna awak ingsun | kadi rupane pun Bahram | Marmaya wus malih warni ||
18. angilo mring kakêdhokan | èstu kadi Bahram warnaning sami | lêga kaciptèng tyasipun | Wong Agung Tasikwaja | nanging durung wêruh dhêdhukuh Talgêlur | Umarmaya ananêdha | hèh kaki Nabi Ibrahim ||
19. kula nêdha kêbatêna | lan wêruhna dhukuhing Nukmanakim | astane ginănda arum | lêga tyasing Marmaya | nampèl wêntis amadal bantala mamprung | kadya thathit lampahira | katon dhukuh Nukmanakim ||
20. lêlampahan pitung dina | dèn lampahi sadina bae prapti | sarta wêruh prênahipun | prapta kèndêl mring jaba | kang atunggu pintu kinèn asung wêruh | yèn pun Bahram anèng jaba | nêdya panggih lan kiyai ||
21. wus panggih lawan Ki Nukman | Bahram tiron tutur mring pandhitèki | nut wingking sakarsanipun | satriya ingkang prapta [pra...]
--- 1: 468 ---
[...pta] | saking nagri Mêdayin utusanipun | nênggih Bêthara Nusirwan | pun Kêlana Jayèngmurti ||
22. inggih Sang Prabu Sahalsah | tan kêna sah ngêmong Sang Jayèngmurti | punika kang badhe mantu | dhatêng Raja Nusirwan | kang tinandhing yuda lan Prabu Lamdahur | sira Nukman asru mujar | lah mêngko paran ing jurit ||
23. Bahram tiron aturira | pun Lamdahur mangke sampun kajodhi | kapikut ing Jayèngpupuh | dene lampah kawula | marêk dhatêng paduka inggih ingutus | dhatêng Sang Prabu Sahalsah | nuwun usada kang manis ||
87. Dhandhanggula
1. pun Kêlana Sang Jayadimurti | sakundure saking ing paprangan | kantaka dhawah ing mangke | mapan kêna ing racun | mila tuwan dipun timbali | dhatêng Prabu Sahalsah | punika liripun | sarênga lampah kawula | kinèn nyatu mring Wong Agung Jayèngmurti | kantaka kêni wisa ||
2. sira Nukman lingira amanis | kaya ngapa tingkahira Ambyah | Bahram tinon lon ature | gêsang sapungkur ingsun | wikan mangke Nukman lingnya ris | mulane ngundang ingwang | apan wong karacun | iya pan nganti panawa | lah dêlêngên iki uga racun mami | sun pète karya tăndha ||
3. nulya racun winor lawan warih | sinogokkên sangarsaning langgar | sela salumbung agênge | kumlasa sap pêpitu | duk tiniban sigar sapalih | dangu-dangu angrêbda | sela dadya glêpung | watu itêm sirna gêmpang | Umarmaya umiyat kêlangkung wingit | eram [e...]
--- 1: 469 ---
[...ram] samaring driya ||
4. Nukman angling apa karya mami | iya eman-eman lakuningwang | Marmaya langkung marase | măngsa uripa iku | pae mau duk anyar olih | iya padha sêkala | iya kang panuju | kaya si yèn waluyaa | yèn wus kasèp măngsa wurunga ngêmasi | laku ngong tanpa karya ||
5. Bahram tiron umatur wotsari | yèn kawula tan abêkta tuwan | mendah sang prabu dukane | dhatêng amba pukulun | kadi lamun dipun pêjahi | angur si raganingwang | datan purun mantuk | Pandhita Nukman lingira | iya sira bêcik têtêpa nèng ngriki | manawa pinêjahan ||
6. sang pandhita mêmundhut tumuli | Bahram payo nginum dhêdhewekan | ingsun ta pira lawase | durung anginum-inum | salawase sira tan prapti | angur sira geronga | iya lawan ingsun | Bahram tiron sigra bêksa | asêsirig Ki Nukman suka tan sipi | ngêlètèr lincak-lincak ||
7. sang pandhita têtanya amanis | Bahram iku olèh gêndhing anyar | têka ngêndi pinangkane | sapa gonmu gêguru | Bahram tiron umatur aris | saking pun Umarmaya | angsal ngong sinau | satriya ibnu suraya | inggih bêkta lêluconipun satunggil | tur dasih kawêraga ||
8. kang pêparab pun Umarmayèki | inggih wong agung ing Tasikwaja | punika andêl-andêle | dhatêng Sang Jayèngsatru | sang pandhita sukanya ênting | dènnya larih-larihan [larih-la...]
--- 1: 470 ---
[...rihan] | pan kongsi sêdalu | sangêt wuru sang pandhita | Umarmaya anibani darubêsi | kagyat alon lingira ||
9. hèh ta Bahram iki darubêsi | lah pagene sira salah karya | Bahram tiron lon ature | apan dede puniku | saking sangêt wurune kyai | dadya salah paningal | mring wêtawis ulun | Nukman mèsêm sarwi mujar | yèn mêngkono mara inuma pribadi | Bahram tămpa sêksana ||
10. bêksa nêmbang pan sarwi anglirik | dupi ngantuk Nukman gya binuwang | têlasing winutahake | wangsul mring ngarsanipun | mènthèk-mènthèk sarwi mênyanyi | Nukman panyiptanira | yèn uwis dèn inum | ingsun dhewe salah tingal | yèn racune Si Bahram apêsthi mati | Umarmaya mring ngarsa ||
11. mêndhak nglarihakên kêthip-kêthip | tinampan mring Pandhita Nukman |[16] cantrik kang ngladosi kabèh | sayah prasamya ngantuk | ana ingkang gumuling lampit | saking sangêting sayah | larih wus dèn inum | tan adangu nulya ngrêbda | Nukman wêruh amêgêng napasirèki | sigra Ki Umarmaya ||
12. ciptanira yèn dèn nêngna iki | bokmanawa iku bisa nawa | jodhèr lakuningsun kiye | anarik kanjaripun | sarwi gêtak sarta ngagagi | Nukman pan sampun rêbah | cinandhak agupuh | gya binuntêl dodotira | wus pinondhong mêdal sarwi nampèl wêntis | mêsat pan kadya kilat ||
13. tan antara prapta gènirèki | wau [wa...]
--- 1: 471 ---
[...u] Bahram ginantung luhung pang | kala tinilar lampahe | nulya pinènèk gupuh | praptèng ngandhap dèn pênawani | lênga wijèn lan jêram | pêcêl nulya wungu | kagyat mulat Umarmaya | sira iku kêpanggih wontên ing ngriki | lan iku olèh apa ||
14. ingkang sira buntêl kaya jisim | anauri ya iki Ki Nukman | ingsun apusi kênane | Bahram kêlangkung ngungun | sarwi goyang kêpalanèki | gawok sun kaya sira | julige kêlangkung | Ki Umarmaya lingira | payo Bahram ywa sira rondhe nèng margi | dèn rikat lakunira ||
15. dyan lumaris Bahram Marmayèki | sarwi ngindhit Sang Pandhita Nukman | wong roro samya rikate | praptèng jro kitha dalu | kirab baris pan kadya maling | balanira Kistaham | tan ana kang wêruh | wus prapta ing kênyapura | nèng ênggone Wong Agung Jayadimurti | ingadhêp para nata ||
16. kagyat para narendra ningali | Umarmaya bêkta bêbuntêlan | anulya nguculan age | tinambanan lan jêruk | pêcêl lawan wijèn kinardi | Nukman tangi gumregah | Ki Bahram nèng ngayun | Nukman asru wuwusira | sira iku Bahram gawe tan basuki | culika raganingwang ||
17. Bahram ika mèsêm anauri | adhuh kyai pan dede kawula | wau kang bêkta marene | punika ingkang mikul | Ki Marmaya dèn iling-ilingi |[17] nyata wukiranika | gumêr para ratu | Jara[18] Sahalsah lingira | marma sira Nukman [Nu...]
--- 1: 472 ---
[...kman] inggal sun timbali | gustimu kêna wisa ||
18. tingalana gustimu puniki | gêrahe wus pitung dina lawan | pitung bêngi kantakane | Nukman umiyat ngungun | mundhut kaca anulya prapti | ngilokkên ing paesan | Menak Jayèngpupuh | sariranira sasigar | ting palêkah lir terong kinulup sami | dene ingkang sasigar ||
19. mancur apan kadya mas sinangling | asumunu cahyane gumawang | kantun pêrmanane bae | Nukman alon amuwus | kaya maksih umure kari | sagunging para raja | êntyarsanya ngungun | Pandhita Nukman lingira | yèn wontêna usada ingkang prayogi | mujar Prabu Sahalsah ||
20. êntèkêna bapa rèhirèki | Nukman matur inggih yèn wontêna | sêmura dados sarate | kagyat sira angrungu | yèn sêmura kang dèn raosi | Wong Agung Parangteja | sigra nyandhak bau- | nira wong Menak kang kiwa | sarwi mujar ing ngriki manira eling | nênggih wontên sêmura ||
21. dyan binayang mring para narpati | dèn ingêrakên sariranira | gya Radèn Maktal ambêlèk | sêmura kang pinundhut | cingak sagung para narpati | miyat ing Radèn Maktal | mring sasolahipun | nyipta tunggal badan nyawa | lan wong agung dene wruh kang gaib-gaib | samya jrih anggêpira ||
22. kang sêmura tinampanan aglis | marang Nukman matur ing Sahalsah | paduka [padu...]
--- 1: 473 ---
[...ka] mundhuta age | inggih toyaning susu | kang têmbeyan kang dèrèng nyapih | sigra Prabu Sahalsah | utusan amundhut | tan adangu nulya prapta | munggèng bokor Nukman sampun dèn labêti | tinalukon sêmura ||
23. linênggahkên jinagan para ji | Jayèngmurti pan mêksih kantaka | kalukon inginumake | wêtara duk kalêbu | ponang racun kathah kang mijil | cinatur pan sadaya | dina laminipun | sabên dina inginuman | ri mangkana Wong Agung Menak anglilir | jangkêp pitulas dina ||
24. nanging dèrèng lênggah ngandika ris | ya pagene angrubung maringwang | iki para ratu kabèh | Pandhita Nukman matur | inggih tuwan kang tinênggani | gusti anandhang gêrah | sangêt kêni racun | paduka inum punika | toya rilak kawula măngka usadi | kang kaduk panginum ta ||
25. kang sarira sasisih wus pulih | nanging kantun lêsune kewala | dupi catur dasa rine | amundhut bubur banyu | linadoskên sigra binukti | sarya alon ngandika | sapa ingkang ngracun | umatur Ki Umarmaya | pun Kistaham margi saking èstri kalih | punika kang kinarya ||
26. sandipaya mring paduka Amir | malah sêlamine paduka grah | ngêpung kitha sabalane | tan wontên ajrihipun | sagung ingkang para narpati | datan wontên mêdala | dèn pilalah tunggu | prihatin gêrah paduka | kang amêthuk mring prang
--- 1: 474 ---
amung para mantri | nglawan saking jro kitha ||
27. para nata tan kongsi mêdali | nulya lênggah Risang Kakungingrat | dangu mring Umarmayane | nèng ngêndi Si Lamdahur | Umarmaya turira aris | maksih wontên kunjaran | tinimbalan sampun | ngandikan wus praptèng ngarsa | Alamdahur sira salina agami | ingsun uculi sira ||
28. Alamdahur tur sêmbah ngastuti | ri sampunira ngucap agama | nulya nguculan rantene | ngandika Jayèngpupuh | sira wani sun adu jurit | mungsuh lawan Kistaham | gawaa sirèku | wadya sakêthi kewala | Si Kistaham sayuta wadya prajurit | Alamdahur tur sêmbah ||
29. sampun mawi gih bala sakêthi | nadyan inggih badana sêpata | kang mêngsah wêwah balane | datan gumingsir tèngsun | sagènipun alintu jodhi | mundhuk Sang Jayèngrana | gadane Lamdahur | wus pinaringakên sigra | mundhut bala sakêthi wus dèn caosi | marang Prabu Sahalsah ||
30. dyan têngara bala kang sakêthi | muntab samya mêdal saking kitha | abra tunggul banderane | nêmbah Prabu Lamdahur | mring Wong Agung Jayadimurti | lah iya dèn prayitna | rusakên Lamdahur | Si Kistaham dening sira | Marmaya ngling dawa gung dèn ngati-ati | kênakna Si Kistaham ||
31. iya alane awali-wali | mring gustimu Dyan Lamdahur mêsat | mêdal saking jro kithane | nitih dipangganipun | kang pinarab magêloningsih [ma...]
--- 1: 475 ---
[...gêloningsih] | bala gung praptèng jaba | surak tri gumuruh | kagyat balane Kistaham | anon lamun ing jro kitha amiyosi | amapag undurira ||
88. Durma
1. sigra Prabu Lamdahur mêlak dipăngga | miyak bala sakêthi | sami ngundha gada | kabèh bala ing Selan | aywa na kang mèmèlu jurit |[19] samya suraka | dèn gumuruh nèng wuri ||
2. wus atata gêlaring Prabu Kistaham | dening ngamuk pribadi | sang prabu ing Selan | sagung punggawanira | Kistaham manganan ngering | nyilib karsanya | nanging Prabu Sêrandil ||
3. kang punggawa rêmuk katibanan gada | awor siti sirnanting | kang kababit rêbah | giris kang samya mulat | punggawa kang kanan kering | mawur sasaran | Kistaham andhingini ||
4. pêlayune tan pisah lan anak papat | buwang busananèki | ngangge cara kompra | amor pêlajêngira | suraking wong tan tinolih | kathah kajarah | punggawa para mantri ||
5. myang satriya sêntananira Kistaham | kathah kang minta urip | samya tinalenan | bala sayuta surak | wong Sêrandil jêjarahi | Sang Prabu Selan | kêlangkung dènira mrih ||
6. mring Kistaham adangu dènira ngilang | praptèng pinggir pasisir | kapranggul wong dagang | nangkuda arsa layar | palwa mancal mring Mêdayin | nangkudanira | sinorok ali-ali ||
7. intên sakêmbaran [sakêmbar...]
--- 1: 476 ---
[...an] melik ki nangkuda | ginawa layar aglis | wau Prabu Selan | praptèng ampeyan wana | Kistaham wus tan kêpanggih | kèndêl sêksana | sang prabu ing Sêrandil ||
8. bala samya prapta ngarsanira nata | para mantri Sêrandil | kang mêntas jêjarah | èmêng tyas sri narendra | Kistaham datan kêpanggih | utusan marang | Kêlana Jayèngmurti ||
9. atur tiwas luputing Raja Kistaham | paran karsaning gusti | apa jinujula | marang Mêdayin pisan | yèn ana karsaning gusti | nadyan ngungsia | marang jabaning langit ||
10. lamun mêksih urip kacandhak dening wang | mêsat kang dinuta aglis |[20] sarwi tur jarahan | wus prapta jrone kitha | dumrojog ngarsanira Mir | kang mantri duta | katur saaturnèki ||
11. lamun luput Kistaham balane rusak | bupatine kèh mati | tuwin para raja | dene Raja Kistaham | ingupados tan kêpanggih | paraning karsa | ngandika Jayèngmurti ||
12. lah balia duta ingsun anarima | kon bali mring nagari | gustimu dèn inggal | duta nêmbah umêsat | datan kawurcitèng margi | praptèng gyanira | Lamdahur wus apanggih ||
13. dhinawuhkên timbalane Jayèngrana | sigra Natèng Sêrandil | budhal saha bala | kundur marang nagara | gancange carita prapti | sajroning kitha | lajêng mring Jayèngmurti ||
14. duk siniwèng dening para raja-raja | praptane sri bupati [bu...]
--- 1: 477 ---
[...pati] | Lamdahur tur sêmbah | [...] | [...] | [...] | [...] ||[21]
1 | praptèng. (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: tansah ginunêm katon solahe. (kembali) |
3 | Kurang satu suku kata: kang palangkan siji anauri. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: marang sira masiyat mangkene. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: arupaa isining wanadri. (kembali) |
6 | Tambi. (kembali) |
7 | Kurang satu suku kata: nênggih ingkang saking gunung ing Sêrandil. (kembali) |
8 | Kurang satu suku kata: gih pun amba kinèn angawat-awati. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: lawan Prabu Siyamsah. (kembali) |
10 | kilèn. (kembali) |
11 | sakarêpmu. (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata: Rajèng Selan nanging mêksa tan kajunjung. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: astanya angêmu êrah. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: mantri sakêthi kang anyaosi. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: karepotan bisa anayuti. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: tinampanan mring Pandhita Nukman. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata: Ki Marmaya dèn ling-ilingi. (kembali) |
18 | Raja. (kembali) |
19 | Lebih satu suku kata: aywa na kang mèlu jurit. (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: mêsat kang dinuta glis. (kembali) |
21 | Halaman 477 dan 478 sobek. (kembali) |