Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44)

Judul
Sambungan
1. Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 01–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
2. Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
3. Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 45–66). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
4. Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 67–88). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 49r lanjutan] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 1 dari 93

23. Dhandhanggula

1. Ki Patih Bêstak pratèng ing jawi | sigra wau lampahira |[1] dene katrima lampahe | Sang Jayènglaga tutut | dene wau Sang Jayèngmurti | sami alêligihan | lawan balanipun | tan kari Ki Umarmaya | tan antara dhêdharan wau wus mijil | sami talam kêncana ||

2. sami samir saprêbète[2] putih | nyai êmban wus prapta ing ngarsa | punika kakatura anggèr |[3] wontêna kalih taun | rayi tuwan sang murti adi | bètên[4] arsa adhahar | yèn batên pukulun | adhahar patêdhan tuwan | Jayènglaga mèsêm ngandika aris |[5] bisa têmên sung raras ||

3. nadyan ingsun adhahara bibi | wêtarane ya măngsa èkcèa[6] | yèn nora ana wong roro | ni êmban alon matur | mila nêdha patêdhan gusti | sasat dhahar kalihan | Sang Amir gumuyu | beka têmên bibi sira | sêkulipun wau ta sampun pinalih | lah wis rika gawaa ||

4. nyai êmbang[7] matur awotsari | nulya lèngsèr malêbêt jro pura | prapta ngarsane gustine | patêdhan sampun katur | apan suka prêtnaning puri | lir gêring angsal taba[8] | tan pêgat sang ayu | amêdalakên dhêdharan | sêdhah wohan burat jêbat ganda wangi | Jayènglaga kocapa ||

5. Umarmaya

--- [f. 49v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 2 dari 93

gumuyu sarya ngling | panèn badan gulu myang padharan | pailan udaragane | rame samya gumuyu | Jayènglaga mèsêm ing ati | tansah golang-golongan | kang wong dalêm agung | marak dhatêng Jayènglaga | Umarmaya kalangkung dene kapengin | mulat wong sih-sinihan ||

6. Ki Umarmaya sampun birai | pan angrasa yèn arsa wanodya | mila langkung kapengine | ningali Jayèngpupuh | pan binojakrama pawèstri | ya ta Ki Umarmaya | manahe gagêtun | kaya-ka anubruka |[9] emut ing tyas kasêsêm[10] wong lambangsari | nanging nora kawêdal ||

7. tan atara[11] yyang aruna mangjing[12] | ngardi ilang Radèn Umarmaya | ilang tan wêruh bature | sigêgêng[13] kangn[14] winuwus | kapatihan ingkang ginupit | putrane Patih Bêtak[15] | anênggih cinatur | nênggih Kyana Patih Bêstak | pan adarbe putra kêkalih jalu èstri |[16] kakung aran Baktiya[17] ||

8. ingkang èstri aran Ni Bêstari | lagi amêgpêp[18] birahènira | lagya sêdhênge awake | kalangkung ayonipun | thanok-thanok agawe brangti | saprêtêg[19] pangawak dara |[20] amanis dinulu | parakati sagotongan | Ni Bêstari bêjane kang duwe krami | ayune

--- [f. 50r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 3 dari 93

maya-maya ||

9. gêlung malang kêbak sêkêr gwangi[21] | solahira lir majangan tawang | dèn sèrèd têtapèhane | wus bakda ngisa dangu | Ni Bêstari lagya alinggih | nèng madyaning wangunana |[22] angibuhi ayu | pinarak sarwi amucang | êmban inya atap andhèr mugèng ngarsi | anglir yangyanging tilama |[23]|

10. angandika Sang Dèwi Bêstari | Êmban Pêgawan kang tinakonan | iya kapriye wartane | kusuma ing kadhatun | ing wartane arsa akrami | olih ing ngêndit[24] baya | kusuma kadhatun | pun inya matur manêmbah | wartènipun angsal putra Pusêrbumi | dene ta angsal karya ||

11. ingkang matèni babru kariyin | rajaputra inggih saking Mêkah | Sang Jayènglaga kasihe | bagus prawire[25] têguh | ponang babru dipun kalihi | lan kadangipun tuwa | Marmaya ranipun | sami jêjaka digdaya | milanipun putri adi ing Madayin | arsa dèn trimakêna ||

12. Ni Bêstari angraos ing galih | ingkang nama Radèn Umarmaya | apan ta dadi atine | mèsêm dènnya amuwus | lah ta biya[26] ingsun puniki | mêngko ta kaya ngapa | putri ing Madayun | aku ta sapa kang doyan | sami suka gumuyu kang para bibi | bètên [bè...]

--- [f. 50v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 4 dari 93

[...tên] kudu akrama ||

13. dangu pagujêngan sang murtining sari |[27] para êngban[28] apan sampun nedra | anggulasah nèng ênggone | kabèh sampun aturu | amung wau Dèwi Bêstari | datan arsa anedra | pawarta kagugu | ingkang arana Umarmaya |[29] iku jare kakangane Jayèngmurti | jêjaka kinawasa ||

14. milanipun tan arsa aguling | pan sinamur sarwi ngura-ura | angnèng[30] made paprêmane | sêmune ngimur wuyung | têmbangipun kênya kathiri | syaranya kadi prêbab[31] | lan suling abarung | angenyutakên kang mirsa | syaranira têmbunge têka amanis | kaya ngalapna jiwa ||

15. kawarnaa ingkang laku mali[32] | pan ajêjêp angnèng tarêtêpan | langku mandi sêsiprêpe[33] | atas dènnya angrungu | mri syarane Dèwi Bêstari | angura-ura |[34] syara manis arum | sangsaya trênyuh Marmaya | gêdhêg-gêdhêga gajah leyak tabong Bali |[35] têka kontunga mana ||

16. Ni Bêstari olèha ing kami | sun kauli sun êmban ing têngah | bari ingsun ongklo-ongklok[36] | Marmaya nulya mlabu[37] | marang dalêm amiyak samir | Umarmaya tênaga | dhasar wong abêsus | kampuhipun jingga măngsa | dipuna longsar koncane narampad

--- [f. 51r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 5 dari 93

siti |[38] kadi Sang Yyang Asmara ||

17. ndonoglongn[39] dhuwunge asri |[40] wus kinandhut wau kopapyahira |[41] rema panjang dipun ure | saya kadya Bimanyu | polahira Ki Guritwêsi | lir wonge nopèng ika | dhasare abêsus | wong baranyak kuwarisan | Umarmaya pan sampun amiyak samir | jumênêngn[42] ane dagan ||

18. malangkadhak datan arsa linggih | dene kaya Dewa Kamajaya | amantêsi sapolahe | kagyat kusuma ayu | aningali yèn ana maling | ngadêg angnèng ing dagan | warnane abagu[43] | sang aya[44] anyita pêjah | maling iki sun dulu têka mantêsi | sêmune akêtara ||

19. ing tutuke Dèwi Bêstari |[45] dene dangu datan arsa ngucap | sangsaya dadi baguse | sang dyah micorèng kalbu | baya iki maling ing ngêndi | dene bèncèr suna sawang |[46] dhasare abêsus | angucap sajroning nala | maling iki sêmune anyalawadi | kaya amaling brana ||

20. alon lumèsèr[47] Dèwi Bêstari | karsanira lumayu ing jaba | saprêng mudhun saking made | sang dyah arsa sumurup | lagya miyak bêndhalagiri | kêbat Ki Umarmaya | angrangkul sang ayu | nyemot anulya ingêmban | Ni Bêstari [Bê...]

--- [f. 51v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 6 dari 93

[...stari] amalerok tan pana ris | wulunira anasag ||

21. Dèwi Bêstari alon anangis | ajrih asrêru bok pinajahan[48] | padha krêrasa tangise | alumèsèr sang ayu | Umarmaya pan durung angling | mung èsême kewala | dèn go suguh tamu | kinapithing sang juwita | tanpa polah pan saya-saya awani | dene mênêng kewala ||

22. dhasar sang dyah rada mambu ati | aningali marang duratmaka | dene kalangkung baguse | sang dyah kaku ing kalbu | palorodan tan de sukani | lah mara cêlathua | apa maling bisu | têka amèsêm kewala | mung èsême dèn go samudana iki | têka mêmanas driya ||

23. palorodana sang dyah sarwi angling |[49] duratmaka age udhunêna | donyaku alapên kabèh | pêthèn ingsun sapuluh | isi wastra kêncana adi | kabèh sira alapa | ge udhuna ingsun | maling mara cêlathua | sun wèwèhi iya pirang-pirang pêthi | age sira lungaa ||

24. Umarmaya kaduga ing ati | dene tutu[50] manahe sang prêtna | dèn têlasakên budine | sang dyah aturira rum | asor madu apait [a...]

--- [f. 52r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 7 dari 93

[...pait] gêndhis | wong ayu sampun duka | apan dede pandung | manira wong kapi brăngta | mring sang prêtna mila malabêt mariki | sumawita sang prêtna ||

25. suka abdèkêna kula gusti | pan kawula asrah jiwa raga | sakarsa panduka angrèh | anjalmaa ping pitu | abdèkêna dewaning Ratih | pun kakang ngèstupada | dhatêng sang dewa rum | ingkang asawang kumala | yangyang tilam wong cèthi-cèthi cuwiri | wong èthèng ing êmbanan ||

26. iki baya musthikaning Ratih | kang ngadhatong[51] anèng kapatihan | guruning wanita kabèh | yangyanging tilam arum | mirah intên jumantêngn[52] adi | gèn kula angawula | mirah dipun tulus | kawula wong nistha dama | baya mangke akrama ayu tur gusti | kang asih ing kawula ||

27. anglês manahe Dèwi Bêstari | ginuturan[53] ing kidung srênggara | pan sirna wêdi gêthinge | dadya wau sih lulut | amicorèng sajrongning[54] ati | mau dhiyêm kewala | sêngguh maling bisu | mêngko angucap sakêcap | andêrmèmèl nora kêna dèn sêlani | angêtèprès kewala ||

28. kêmanisên wau Ni Bêstari | amiyarsa mangnising[55] wacana | sinamur mèsêm wuwuse | ingsun takon satuhu | pêkênira maling ing ngêndi | sapa ta ingkang nama | dene kamipurun | têkane [tê...]

--- [f. 52v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 8 dari 93

[...kane] nora srêraba | Umarmaya ngandika arum amanis | yèn sira tanbuh mri wang ||

29. gih kawula ing Pusrêbumi |[56] ingkang nama Radyan Umarmaya | bocah bancèr akêkècèr | têka wula wau |[57] duk paguyon wontên ing jawi | kawêlèh sang juwita | sinamur ing guyu | wus suwe dhatênge ika | sang prêtna yu langkung panuju ing ati | pêngajapane ing tawang |[58]|

30. êdhunêna kawula puniki | langkung ajrih ngukuli[59] ing priya | amanggih walat têmahe | Umarmaya angrungrum | wêcanane angenyut ati | sang prêtna dipun aras | pan anangkis gêlung | saya cuwa ingkang driya | Umarmaya angaras tinangkis wèni | sang kakung ingraprêpa[60] ||

31. iki baya panukmaning Ratih | kang mêmurung wong alunga seba | bingnadhe[61] akèh putrane | ana têka rongpuluh | sang dyah ayu mèsêm ajiwit | dene ta nora jamak | bok têka rongatus | lah uwis maling lungaa | lamun sira arsa têmên-têmên kami | matura mring si rama ||

32. Umarmaya mès anauri |[62] inggih benjing matur rama dika | nanging dika kantênane | awon lan pênêdipun | sakalire kula gugoni | mênawa sonyataka | tuwin sujèn têrus | sang ayu mèsêm ngandika | dene wau angjublêg[63] tan kêna

--- [f. 53r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 9 dari 93

angling | mêngko lrêgêndèr[64] gowang ||

33. sampun atata sami alinggih | apan anèng madyaning paprêman | datan kuciwa tandhinge | kakungira abagus | èstrinira pan ayu luwih | apan saekapraya | èstri lawan kakung | pan sampun anunggal karsa | asasêsêtyan sang brăngta lawan sang broti[65] |[66] pan sampun kanro[67] jiwa ||

34. pan sadalu gènira kaprêsmi[68] | wong dalê[69] tan ana uninga |[70] yèn ana maling ambancèr | wayah wus bêdhug têlu | Umarmaya wau apamit | mas mirah lah kantuna | ayya kari wuyungn[71] | Dèwi Bêstari angucap | sampun mantuk kawula tan sagêt kari | pasthi pêjah angarang ||

35. Umarmaya amêksa amulih | wong kaputrèn tan ana kang wikan | prata pagrê bata age | bata agêng aluhur | dipun usap mêdhah[72] pribadi | Umarmaya malumpat | prapta jawi sampun | ingkang tinilar murcita | Na[73] Bêstari kalangkung dènira prihatin |[74] tansah brăngta angarang ||

24. Asmaradana

1. sang yyang rawi êmèh mijil | Marmaya lampahe kêbat | wus prata pasanggrahane | rinangkul dene wong kathah | Rahadèn Umarmaya | dhatêng pundi wau dalu | agawe gita ing manah ||

2. Marmaya sampun alinggih | ne ngarsane Jayènglaga | Sang Jayènglaga wuwuse | saking pundi dika kakang [ka...]

--- [f. 53v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 10 dari 93

[...kang] | dene botê[75] bêbeja | Marmaya kêkêl tumukul[76] | inggih dhatêng kêpatihan ||

3. sadya dhatên[77] bibi patih | kêdah milu bêbunglonana |[78] gumêr gumuyu wong akèh | kadi wong angadu ayam | apan agiyak-giyak | samya alok bole ontung | kalangkung sami alêga ||

4. warnanên Ki Umarmadi | miyarsa wong bêbunglonan | kalangkung sakit galihe | akèh wong agiyak-giyak | angegarakên manah | Marmadi mungkur tumungkul | jêtung pitêkur kewal |[79]|

5. kalangkung dene kapengingn[80] | milane sakit kang manah | katon apêse awake | mila anjoto kewala | datan arsa ngandika | sinapa mênêng tumukul | gita kêmbar kawan dasa ||

6. sakenjing tan kêna angling | malah dhatêng wanci ngasar | maksih anjoto andablog | sanake maras sadaya | Umarmaya angucap | têka apanas atiku | aningali si balêndhang ||

7. apan wong bagus asigit | kapengin dodolan bedhang | rupamu abagus cèlèng | kudu kapenging[81] wanodya | sapa doyana sira | duwe bojo wong kaparut | lah edan sira tangia ||

8. payo sun atrê mêmaling [mê...]

--- [f. 54r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 11 dari 93

[...maling] | marang omahe Kistaham | iku duwe redha[82] roro | Marmadi alatah-latah | iki ya ontung bêsar | iya aku bole otung[83] | agumêr sakèh miyarsa ||

9. Marmadi pan sampun angling | sami lêga manahira | yyang arka wus surup mangke | Marmaya anulya kesah | kalawan Ki Baudhêngndha |[84] bakda ngisa wayahipun | prata wismane Kistaham ||

10. nêngêna kang anèng jawi | ucapên Nyai Kistaham | angnèng omahe biyangena |[85] aran biyangane Dhobras | pan lagya pêpurikan | nora klar kinawayuh |[86] purik mri wismaning bapa ||

11. Ni Kistaham ditakoni | pêgene biyangne Dhobras | têka apurik marene | apan sira duwe omah | nadyan têtukarana | wong wadon apês duwèkmu | ayya lunga têka wisma ||

12. Biyang Dhobrak[87] anauri | kadi balora sêmbada | apatut lawan rupane | apan dongos cangkêmira | rambute arang abang | lêngare sakilan têpung | pabayung[88] cêkak sadhêpa ||

13. manyul-manyul yèn lumaris | susune koplak-kaplikan | saasta mubêng bokonge | sukune suku dirada | tanganira kuwaga | utune pating pandhusul | Biyang Dhobras sigra ngucap ||

14. milane kula kesahi | kinawayuh mri wong lanang | mila ngong tilar

--- [f. 54v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 12 dari 93

marene | anèng omah nora nyandhang | ngotore[89] atèningwang | nora idhêp gajol[90] punuk | alah asuwung kewala ||

15. têtagane[91] wus aguling | tan ana syaraning jalma | kari Biyang Dhobras dhewe | andrêmèmèl tanpa rowang | mung bojone dèn ungcap[92] | nulya Marmadi agupuh | garobyag ambukaka lawang |[93]|

16. malêbu anunggal linggih | margagah bari saduwa | lir wong omahan polahe | kagyat nolih Biyang Dhobras | aningali wong lanang | manjing wisma nuli lungguh | Ni Dhobras luguh atata ||

17. Marmadi dèn têtakoni | kiyai pundi di kang wisma |[94] lawan sitêng[95] kêkasihe | dene anyar katingalan | angling Ki Baudhêngndha | ingsun wong gonjol apunuk | Ni Dhobras alatah-latah ||

18. punapa dangu kiyai | Ka[96] Umarmadi angucap | duk alah suwung duwèke | ya sok anaa kang nyaba | nadyan gonjol punuka | Ni Dhobras micorèng kalbu | angage pêndhok kancana ||

19. kampuhe grêringsing ringgit | sabuke sulam kêncana | pantêse iki wong gêdhe | nanging rupanipun ala | kang ati kaya-kaya | alah iya alah suwung | sok uga [u...]

--- [f. 55r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 13 dari 93

[...ga] amaprêgana[97] ||

20. Baudhêngdha ngandika ris | yayi nêdha bêbisikan | ingsun tuturi kang gatos | Nyai Dhobras sigra mara | anulya binisikan | saruput bajur dèn ambung | Ni Dhobras têka têka anyakar |[98]|

21. Baudhêngdha dèn gablogi | angucapa api rudetya |[99] apa uwong apa cèlèng | Ki Umarmadi angucap | uwong pan iya uwong |[100] pan iya cêcèlèngipun | bok ayu sisip-sisipa ||

22. sawah dika dèn gêgusir | pasthi yèn galênge tiwas | saprêng alatah guyune | Ni Dhobras ika kagiwang | nora kagiwang rupa | kenyut dening cucudipun | Umarmaya anèng jaba ||

23. Ki Marmaya mamêdèni | Ni Dhobras lumêbèng wisma | api wêdi ing manahe | Marmadi age jumranthal | milu malêbèng wisma | Ni Dhobras alon amuwus | pênapi gawene rika ||

24. milu malêbèng mariki | Sang Baudhêndha angucap | nyai ajrih ana têke | Ni Dhobras api rudetya | age sira mêdala | sakasana banjur angrangkul |[101] Bok Dhobras[102] agarobyagan ||

25. sigra wau dipun banting | saprêng niba ing prêprêman[103] | wong kalih akèh polahe | kang èstri nulya anyakar | ambajur

--- [f. 55v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 14 dari 93

tinimpahan | apan sami karêpipun | Ni Dhobras sigra angucap ||

26. wong iki rêp nora bêcik | angajak abêbandrekan | iya ngong gêlêm mangkene | kang wasis kidung srêgara[104] | iku dhêmên manira | Marmadi angling gumuyu | iya aku wasis pisan ||

27. pan sarwi angaras pipi | kang èstri ika anyêkah[105] | nulya mêtu srêgarane | dewaningsun lam-lam tilam | juwitaning paprêman | katura palonconisun | lah dawêg dika pêndhêma ||

28. Ni Dhobras mèsêm nauri | moh paloco[106] nora doyan | Marmadi angaras age | ciniwêl tur ginarutan | Marmadi saya kurda | tapih kêmbên wus karêbut | Marmadi pan arsa migah[107] ||

29. lagyi[108] kathakar-kathikir | Marmaya alok nèng jaba | lah payo iya sêdhênge | Marmadi mudhun karekal | Bok Dhobras aris mojar | kiyai pan gawa batur | nauri Ki Baudhêngndha ||

30. ingkang ajaga ne jawi | mênawa ana wong langlang | Marmadi anutugake | adangu karuwêlana | suwaranya ting garobyag |[109] aran wau padha sêpuh | layake wus kapradangan ||

31. Ka[110] Baudhêndha wus mijil | kapanggih Ki Umarmaya | lah radèn dawêg mulih |[111] Umarmaya latah-latah | anglih gawe si edan | Ki Umarmadi gumuyu | totandhah êdhing bêndara ||

32. pan wus wayah bangun ejing | Marmadi

--- [f. 56r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 15 dari 93

lan Umarmaya | pan sampun mulih wong roro | sadalan-dalan gujêngan | Marmadi lan Marmaya | Marmadi latah-latah | lena têmêk[112] kenthol bagus | Umarmadi ngalêm landhêpan |[113]|[114]

33. datan kawarhna[115] ing margi | Marmadi lan Umarmaya | wus pratèng prasanggrahane[116] | wong kathah agumyak-gumyak | Marmadi piynoyokan[117] | arame samya gumuyu | dene campuh wêwingkingan ||

25. Pangkur

1. tan ana kongnsi[118] anedra | apan lajêng wau agunêng[119] pikir | kalawan prajuritipun | Maktal la Raja Yaman | amuwus wacana arum |[120] Jayènglaga sampun lama | daka[121] anèng ing Madayin ||

2. paran wêkasane baya | sabên dina manggung de samayani | nora sayaa alipur | kang ati saya panas | pae lare bungah ta lamun ginunggung | apa ta wis padha tuwa | idhêp ala lawan bêcik ||

3. [...] |[122] kayaparan gon ingsun anglakoni | apan pênêd têmbungipun | lan panggonan kaprêksa[123] | kadipundi gènipun boya anurut | ala-alane priyăngga | ya sok bêcik awak mami ||

4. pan aku tan nêdya cidra | Umarmaya abêlik dènira

--- [f. 56v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 16 dari 93

angling |[124] têka apêtêng atiku | dika kang nora mirsa | kang angrungu punika kupinge butu | akang[125] kaya Jayènglaga | bungah lamun anèng puri ||

5. bungah pangan sakêlêdan | kulawarga sêdaya matur sami | inggih alêrprês[126] pukulun | dawêt[127] tinagih nata | suka botên kantênan ing sanggupipun | yèn kantênan batên suka | dawêg ginêcak Madayin ||

6. sayêkti merang kawula | darbe gusti sangêt dèn mêjanani | tana uninga ulun lêbur |[128] kêdah kawula gêbrak | Jayènglaga angling anêtêpakên nêpsu |[129] kakang aku nora bisa | anêmbunga anênagih ||

7. Ki Umarmaya angucap | ejing-ejing dawêg seba sang aji | sêdaya pan sampun prêmbug[130] | ing dalu tan kawarna | enjinge miyos tinangkil sang aprabu | siniwi nèng sitibêntar | pêpaka sagung |[131]|

8. bupati para satriya | para dêmang răngga lawan ngabèi | sêsêk jêjêl ngalun-alun | kawu lêligihan |[132] Jayènglaga anangkila sabalanipun |[133] prêmbage Ki Umarmaya | polahe kadya wong jurit ||

9. gita sakèh kang tumingal | Jayènglaga seba dhatêng sang aji | kaya wong asaroh amuk | angagya[134] prajuritan | wong Madayin amicorèng jroning kalbu | mêngko gègèr

--- [f. 57r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 17 dari 93

nora eca | wong seba akèh nglalasi[135] ||

10. katur mri Raja Nursewan | Jayènglaga seba dhatêng sang aji | kadi wong asoroh amuk | Nursewan langkung maras | pan angrasa wau sêmayanipun |[136] Nursewan kagyat tumêdhak | mêlayoni Jayèngmurti ||

11. rinangkul Sang Jayènglaga | anak ingsun Ki Êmas Jaèngmurti | lah nêdha jajara lungguh | ayya linggih ing ngandhap | apan sira badhe anggêtèni[137] pabu | pun bapa arsa mêgawan | sira jumênênga aji ||

12. Sang Jayènglaga tur sêmbah | pan kasuwun pasihan panduka ji | sadèrèngipun dhumawuh | sampun kalinggamurda | Sang Nursewan kalangkung sukaning kalbu | aris Wong Menak binêkta | wau ta jajar alinggih ||

13. Jayènglaga ingsun uga | sakalangkung asih ingsun ing sirèki |[138] arinira wau dalu | kalawan ibunira | malah nangis nora kêna ingsun tantun | apan ta bangun rahingna[139] | iya kêna ingong tari ||

14. ature marang manira | igih rama kula arsa akrami | wontên kang kawula suwun | marang Sang Jayènglaga | lamun astu[140] rama ajêng marang ingsun | angluruga marang sabrang | kang aran nagri Sêrandil ||

15. apan kawula mawongan | angjuru[141] dang dhatêng Sang Jayèngmurti | kadipundi sang aprapabu [apra...]

--- [f. 57v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 18 dari 93

[...pabu] |[142] asanggup lawan nora | ye sanggupa kasrah nagari Madayun | sok si kênaa ing Selan | nora duwe ujar malih ||

16. ki dipati kayaparan | Jayènglaga langkung dènira isin | yèn sanggupa nora purun | amerang wong akathah | Jayènglaga atur sêmbah mri sang prabu | sampun dhumatêng ing lara | nadyan dhatênga ing pati ||

17. măngsa amba gumisira | anglampahi ayahane sang aji | punapa nutên[143] lumaku | suka Rajèng Nursewan | dipun rangkul wau Sang Pramodèngsatru | pan sarwi ingaras-aras | adhuh angnak[144] ki dipati ||

18. nyata lêlanang sag[145] jagat | èstu sira dadi pêpakuning bumi |[146] lah ta iya Jayèngsatru | benjang ejang mangkata | anyangoni pun bapa dhatêng jumurung | salamêta lakunira | ki pabu angsala kardi ||

19. sira lajênga anak mas | aja kongsi panggih lan isun malih | samêngko bae katêmu | age nuli mangkata | Jayènglaga atur sêmbah mri sang prabu | sêlamêta lakunira | ki prabu angsala kardi ||

20. sira lajênga anak mas | aja kongsi panggih lan ingsun malih | samêngko bae katêmu | age nuli mangkata | Jayènglaga atur sêmbah mri sang prabu | nanging [nang...]

--- [f. 58r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 19 dari 93

[...ing] barkate sang nata | inggih ingkang kula pundhi ||

21. jêngkar sang nata sineba | para mantri bubar dènira nangkil | sarawuhirèng kadhatun | ya ta Raja Nursewan | Patih Bêstak tinibalan mri kadhatun | sapraptanira ngajêngan | sang nata ngandika aris ||

22. lah Bêstak andhinginana | pan sakèhe kang kambah Jayèngmurti | rapohana êri êpung | ri sisir lan ri tanjang | kayu agung rapohêna ing dalanggung | banyu ingkang urut dalan | padha bêbêgêng[147] dèn aglis ||

23. sakèh dalan arapohona |[148] asatêna sumbêran tawa kali | sêksana bubar lumaku | Marjaban lan Kistaham | pangucape Si Jêmbung l[149] kaprêpe lêbur | kang maluku bojongningwang[150] | bojoku ampase mijil ||

26. Mijil

1. kawarnaa Sang Pramodewèsthi[151] | siniwèng pakuwon | pêpak kabah[152] sakulawargane | Umarmaya abêbêg kang galih | anjaluk tan olih | wêkasane wuwuh ||

2. Jayènglaga ngong tutuh kêpati | tan anaros ingong | arêp nora milua lampahe | Jayènglaga angandika aris | kakang dawêg pamit | mri kusuma ayu ||

3. paran karsanira ingong tari | gon isun manjêro | Umarmaya pan alona saure |[153] mung gunane galênak-galênik | mangke bêngi dhidhik |

--- [f. 58v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 20 dari 93

lah dawêg malêbu ||

4. suruping arka gumantya wêngi | kang wulan mèh ngayom | Jayènglaga malêbu karsane | Umarmaya alon anauri | lah dawêga dèn aglis |[154] kula anèng ngayun ||

5. praptèng bata gêng sapun rinapid | Marmaya tan katon | dnyan[155] winatak sêmana ajane[156] | olihira ngaji ing Balêki | tinarimèng Widi | bata agêng luhur ||

6. kawarnaa kusumaning puri | dewaning kadhaton | pêparêpên wau sêmayane | Rêtna Ayu Dèwi Munigarim | dene wus awêngi | nora ona rawuh ||

7. ni êmban anulya wotsari |[157] matur sang dyah sinom | lah punika dhatêng sudarane | apan nulya salin wastra adi | singnjange[158] winarni | nênggih gunung guntur ||

8. sutra wungu kasêmêkan asri | linud ing paraos | renda bekok kinarya têpine | wong akuning pan saya dumêling | angibuhi ragih | apêpilis wungu ||

9. banci luwur sêngkange sang dèwi | panugul[159] mancarong[160] | keswa mêmak puspita angêne | gandanira amrik jroning puri | warnane sang dèwi | lir Supraba nurun ||

10. kawarnaa kang angitip-itip | Sang Jayèngpalugon |

--- [f. 59r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 21 dari 93

dhasaripun kasmaran sajêge | mangke waspadèng dènnya ningali | wuwuh sèwu brangti | datan ana ketung ||

11. nulya wau lumêbêt ing panti | angadêg kemawon | sang dyah ayu pijêr mungkur bae | tan wruh yèn Sang Jayèngrana prati | ya ta Jayèngmurti | tan wruh ing sêsiku ||

12. sang dyah rinangkul saking ing wuri | pan lajêng pinadhong[161] | sang dyah ayu kalangkung kagète | dipun êban[162] wau sang suputri | apan sampun dugi | ye Sang Jayèngsatru ||

13. apana prêmpon[163] dènnya magung[164] liring |[165] murub sakêdhaton | sang prêtna yu malerod[166] kasane[167] | turira apan apait gêndhis | iki wong ning ngêdi | dene kamipurun ||

14. alon ature Sang Jayèngmurti | kawula mas kaot | ingkang langkung kapibrata[168] ngêne | dhatêng wau kêncanane puri | mangkya apêpanggih | la kusuma ratu ||

15. datan etang lara lawan pati | mung dika kang kaot | sang dyah ayu mangkana ujare | mila botên nibali kariyin | angagèt-agèti | mangke nuwun bêndu ||

16. Jayènglaga ature amanis | mila sang lir sinom | dipun sabar ing gusti nah anggèr | apan sampun kasêdyèng ing ati | katibanan gusti | dukane wong agung ||

17. angèstupada

--- [f. 59v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 22 dari 93

atadhah runtik | dhuh dewaning sinom | sukèng manah kawula kêjote | alise tuwêkêna ingkang lungid |[169] bandhêmên kang êsih | ing pabayun gêmuh ||

18. anglakoni ingsun tohi pati | tan ana kang katon | ratu ayu apan mung dhèwèke | mangke kalakon ampir ing kami | sun tatêdha gusti | inggih dipun tulus ||

19. kêmanisên kusumaning adi | aturira alon | botên kenging matur kawulane | apan batên darbe tingal kalih | mung panduka gusti | kaprastha ing guru ||

20. Jayènglaga angaras sang dèwi | tumukul sang sinom | inggih têmên nimas ngandikane | sêtyanana mirah ingsun gusti | sang dyah têkèng pati | tan liyan kang ketung ||

21. atur sêmbah Dèwi Munigarim | anulya pinondhong | yèn pangeran tulusa asihe | yèn kawula tulusa akrami | lan panduka gusti | inggih sampun tutug ||

22. ing sadina kalawan sawêngi | amanggiha awon | ye kawula darbe manah sèdhèng | sampun tutug ingsun angladosi | ing panduka gusti | wikan sang abagus ||

23. Jayènglaga alon anauri | yèng[170] kula nêdya wongn[171] | anyidrani ing dika nah

--- [f. 60r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 23 dari 93

anggèr | inggih sampun amanggih basuki | yèn marowa liring | sang dyah liyanipun ||

24. ayya tutug ingong anglampahi | ayahan sang katong | prajajeyan[172] kalawan dhèwèke | mung kusuma dadia padêmi | ingkang kari-kari | ingsun nora wrêwuh ||

25. wus sasêtyan putra lawan putri | sanauran[173] awor | gêtêr patêr gêngntha[174] lan kêlènge | tandhane yèn tinarimèng Widi | Jayènglaga angling | nimas lakon ingsun ||

26. angjaluk[175] prasêtyanira gusti | apan sun angraos | dipun adu ratu ing Selane | angkat ingsun nimas benjing ejing | pun kakang apamit | kesah ando[176] nglurug ||

27. sangonana gusti gatèn[177] wangi | sêkar ingkang layon | ingkang lukar saking ing gêlunge | singjang[178] kasêmêkanira gusti | sangokêna kami | engwuhaya[179] nglaku ||

28. matur alon wau ta sang dèwi | mring Jayèngpalugon | lamun pisah kalawan dhèwèke | Jayènglaga alon anauri | jare guru mami | ja sawalèng kayun ||

29. lah karia ingsun wus apamit | gusti dewaningong | dapun[180] agêng-agêng panjurunge | sêlamêta ingong andon [ando...]

--- [f. 60v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 24 dari 93

[...n] jurit | lah gêlisa prati | maprêk[181] sang dewa ngrum ||

30. mundhung[182] saking ênbanan[183] sang dèwi | angarukêt awor | tan kawawa anandhang wirage | Jayènglaga andugèng ing ati | sang kêncana adi | ambêbancang laku ||

31. sa dyah sumukêm[184] nèng kasur sari | datan bisa anon | Jayènglaga lumèngsèr sira ge | sapraptanira wau ing jawi | Marmaya kapanggih | wau sarêng kondur ||

27. Durma

1. Umarmaya mêdal lan Prawirènglaga | sangking sajroning puri | praptèng pagêr bata | ingusap nulnya mêndhak | prajurit kalih lumaris | kadnya[185] dharatan | kapupukur[186] ngadêg malih |[187]|

2. byar raina wayahe kala sêmana | sapun prapta nèng jawi | lawan Umarmaya | kapanggih kulawarga | prasamya angati-ati | dandana sênjata |[188] Sang Jayènglaga singgih ||

3. samapuna rêmbag wau sakèhe kang wadyi |[189] tan kawarna ing kawi | apan sapun dandan | kêkapalana sawidak |[190] sakyèh praboning ajurat |[191] sagêgamya |[192] samnyi[193] nitih turanggi ||

4. nulya bubar sangking kadipatèn ejang | sabalane angiring | marang Jayènglaga | lamapahe sigra-sigra |[194] ingiring para prajurit |

--- [f. 61r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 25 dari 93

dadi tontonan | dene asigit-sigit ||

5. pirang-pirang kang kayu mêpêti marga | apan malang nèng margi | apan ora kêna | ingambah dening kuda | nadyan kuda nora kêni | angnasak-nasak[195] | marga gêng dèn pêjahi ||

6. rêropohe êri sisir lan ri tanjang | dinulu amatèni | milane mangkana | kyèh marga rinopohan | sakyèh toya dèn patèni | pamrihe uga | yèn kambah dene Ngamir ||

7. ayya tutuga pamrihe Raja Nursewan |[196] ayya anginum warih | matia kasatan | bature Jayènglaga | wurunga aja lumaris | untap-untapan | lawan lampahing Amir ||

8. Umarmaya asru dènira angucap | marga kyèh dèn buntoni | akale Nursewan | ya akale wong jawal | Jayènglaga dawbêgli |[197] Sang Jayènglaga | tan kêna dèn aturi ||

9. Jayènglaga mêksa nêrajang kewala | sabalane dèn irid | atêguh tur rosa | sakyèh rapoh dèn buwangi |[198] êri tinêrajang wani | prêmahk[199] sadaya | tan ana kang nêdhasi ||

10. tan kawarna lampahe Sang Jayènglaga | kocapa wong Madayin |

--- [f. 61v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 26 dari 93

kang dhingini lampah | apan ta mèh kacandhak | lampahe anggêblas malih | prajurit kathah | lêpas dènnya dhingini ||

11. sampun têlas baita kang linarangan | punggawa ing Madayin | Marjabah lan Kistaham |[200] lawan para punggawa | apan sampun bubar mulih | bok katututan | lampahe Jayèngmurti ||

12. kawarnaa lampahe Sang Jayènglaga | apan ta angsal margi | arèrèn yèn salat | angsal pitulung Sukma | pan kandhêg angnèng pasisir | kagyat tumingal | baita dèn ebongi[201] ||

13. Jayènglaga ngandika marang ing wadya | padha lungaa aglis | golèka baita | yèn ana atukua | amota sabaturnèki | layar mri Selan | wong anom kang lumaris ||

28. Sinom

1. saksana sampun lumampah | utusan nurut pasisir | pan pirang pandêlêngan |[202] tan ana baita kaèksi |[203] samya ewuh ing ati | datan adulu parau | apan sami angucap | tan wande lawas nèng margi | panêdhaku ana êsihing Yyang Sukma ||

2. saksana wau tumingal | wong karugêtan nênggih |[204] apan ngupêtkên[205] baita | dèn nyana wadya Madayin | mila kalangkung ajrih | milane wau angnusup[206] | angnulya[207] pinaranan | dene Sumbaga Sumbagi | tiningalan wong ngumpêtakên [ngum...]

--- [f. 62r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 27 dari 93

[...pêtakên] baita ||

3. ingkang ngumpêtkên baita | kapanggih akêthip-kêthip | Sumbaga Sumbagi ngucap | paman rika ayya wêdi | mulane ing pasisir | sakèhing parau lêbur | iki ta ana apa | tutura ayya awêdi | kang tinanya sêmana manahe lêga ||

4. igih kiyai punika | sakèh palwa de lêburi | anênggih ingkang paretah | sang aprabu ing Madayin | kathah tiyang kang mati | sami kalêbu ing banyu | donyanipun ingalap | palwane dipun gêpuki | pun Sumbaga Sumbagi gêgêtun ing tyas ||

5. Sumbaga Sumbagi ngucap | payo paman dipun aglis | lah payo manira gawa | marêk dhatêng Jayèngmurti | tulunga sira ika |[208] mri lakune Jayèngsatru | ingkang dhêlik angucap | sumaga ing asta kalih | nulya surak palwa linêbokkên ing toya |[209]|

6. prapta ngarsanera[210] Ambyah | sami suka aningali | nulya têdhak nèng dharatan | Jayènglaga anakoni | marang kang duwe konthing | sapolahe dipun tutur | palwa ingkang rêmak |[211] larangane wong Madayin | samya ngucap Nursewan nyata kaparat ||

7. Jayènglaga angandika | Paman palwamu ngong ambil | pan ingsun lironi jaran | sawidak alapên iki | pasthi lamun abathi | lan saajine palwamu | kang darbe langkung suka | angupcap[212] sajrona[213] ngati | pinudhuta[214] [pinudhu...]

--- [f. 62v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 28 dari 93

[...ta] kawula dhatêng sumamăngga |[215]|

8. pan samya pinatah-patah | baita kang badhegani[216] | pandoman Ki Umarmaya | tiyange Ki Umarmadi | dene juru panggiling | Raja Kopah ingkang labuh | jangkar Orang Tanorang | Raja Maktal juru maklim[217] | juru batu Sumbagi lawan Sumbaga ||

9. juru wêlah Raja Arjan | kamudhi Răngga Uranggi | sampun kawongan sadaya | Marjubin ingkang ngatêri | juru silê[218] anênggih | Ki Tanu lawan Tantanus | sigra anarik jangkar | palwa lampahe wus mudhik | surak-surak apan sami dhêdhayungan ||

10. pan sampun ababar layar | kandhêg kang palwa lumaris | ya ta sakathahing mina | saking luwihira Amir | apan ta sampun prapti | pangrasane anênamu | marang Sang Jayènglaga | puniku pakuning bumi | asrang-srangan polahe kadyi[219] sewaka ||

11. wong agêdhe dhoring-dhorang | layur-layur anèng margi | kang urang-urang awatang | bibas agêng dene margi | apan bubul sakenjing | tumênggung trêrung-trêrung gung | lan arya rêrajungan | mimine midhêng[220] bandêng |[221] grêrih gatêl yèn enjing kothak-kothekan ||

12. saksana ambêdhol jangkar | anulya layar tumuli | baita mêsat lir barat [ba...]

--- [f. 63r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 29 dari 93

[...rat] | kêbat lampahira prapti | aran pulo Srêrani | adoh lor lawan kidul |[222] adoh kulon lawan wetan |[223] kalangkung dènira sungil | datan ana jalma manusa kang ngambah ||

13. jalma maning yèn wania | sato kewan padha wêdi | pulo langkung agawata | kang aran pulo Srêrani | sabalanira Amir | sadaya kasasongan sangu |[224] nulya alabuh jangkar | mêntas ing pulo Srêrani | Jayènglaga lawana Radèn Umarmaya |[225]|

14. ponang kêmbar kawan dasa | ingkang sami ngiring-iring | saprêng mêntas pulo sigra | Ki Marmaya angling aris | sajêg ingsun ningali | pulo kabèh kang kapungkur | pulo iki pan iya | asitru-sitru awingit | suwung mamring tan ana ingkang kangtingalan |[226]|

15. sakathahe punang kêmbar | sadaya midrê kalingling | angulari kang wowohan | sawênèh ngulari warih | toya tawa kang wêning | midêr tan ana kang nêmu | wau Ki Umarmaya | kalawan Sang Jayèngmurti | Umarmadi lampahe anèng wingkingan ||

29. Pangkur

1. Marmaya lan Jayènglaga | runcung-runcung katêlu Umarmadi | pan pan samya lèrèn alungguh |[227] anèng ngandhap cêmara | sakathahe brakasakan

--- [f. 63v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 30 dari 93

samya ngêpung | apan tan ana uninga | yèn wêruha padha wêdi ||

2. kang wulu kadya sinasag | Jayènglaga kalawan Umarmadi | apan prayitnèng pakewuh | padha maca sêsinggah | sasuwene apan tan eca ing kalbu | wulune apangkorogan | baya ana setan bêlilis |[228]|

3. dangu-dangu Umarmaya | aningali pucak cêmara ngigil | ana kaki-kaki suguh[229] | anèng êpang cêmara | Umarmaya agila ningali wau | ingkang githo[230] pangkorogan | baya kaki-kaki nêpi ||

4. pang sênyari lininggihan | nora sêmpal baya wong apa iki | pan dudu jalma satuhu | sikil kadya gurinda | tangan supit wulune pan kadya lutung | angudubilah saetan | siyunge siji dèn isis ||

5. wong têtiga samya modjar[231] | dudu setan nyata ika mamêdi | sun arani dudu lutung | ya ta pun Juwalpayal | aningali wong têtiga padha lêmu | Juwalapayal latah-latah |[232] mêngko aku waprêg bukti ||

6. sun sêsêpa gêtihira | mendahane gêtihe gène wangi | awake lêmu-lêmu |[233] nulya pun Juwalpayal | wong tatêlu dèn ungkuli saking [sa...]

--- [f. 64r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 31 dari 93

[...king] dhuwur | tinetesangn[234] ilunira | narètès murub awilis ||

7. wong tatêlu samya indha | Umarmaya kalawan Umarmadi | ya ta sami alok antu | cangkêm murub nêrawang | ilu mubyar ting pancurata lir pancuran yèng dinulu |[235] wong tatêlu samya indha | Juwalpayal sigra angling ||

8. sajêg ingsun dumêlah |[236] sun tan ana de ta awarni ing jalmi |[237] salawase dadya antu | iki jan manusa |[238] su[239] tètèsi ilu pan bisa lumayu | merang ing sapadha-padha | rasakêna sun tandangi ||

9. sami sakala aniba | Jayènglaga Umarmadi tan eling | Umarmaya ika imul | kêthip-kêthip kewala | pan katrama[240] dongane bala sarèwu | kirig-kirig gingjal-gijal[241] | aniba nulya atangi ||

10. anulya Sang Juwalpayal | Umarmaya wau kang dipun jogi | angawêt mubêng nèng gulu | angtu[242] amara tiga | Jayènglaga tineplokan[243] gigiripun | Baundhêngdha[244] cacêngêlnya | pan kadi dèn soki gêni ||

11. kalangkung ing gilanira | langkung anyêb tumèpèl[245] angnèng gigir | kadya ta banyu sawindu | Juwalpayal angucap | nora wurung ingsun sêsêp

--- [f. 64v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 32 dari 93

gêtihmu |[246] Marmaya saprêng sinapa | manahipun têka wani ||

12. hèh ko iki ta sapa |[247] apa êjim dhadhêmit miwah mamêdi |[248] sumaur ya aku antu | aranku Juwalpayal | hèh matia sun sêsêpe gêtihmu |[249] Umarmaya angucap |[250] sêsêpên gêtihku iki ||

13. angntu[251] angling nora doyan | alah uwis lungaa têka gigir | Juwalpayal nora purun | Marmaya angling ing tyas | ngêndi gone aku kalisa si angntu | Marmaya olèh akal |[252] Marmaya sigra dènnya ngling ||

14. iya bênêr ingsun Juwal | angnèng margi ningali sumur mati | ana wong kalêbu sumur | sambete[253] ngaru-ara | sêsambete awêlas ingsun angrungu | awêlas isun miyarsa | iku mêngko ngong tiliki ||

15. ingong dulu kaya sira | rupanipun nora mèprê[254] nora mirib |[255] wis angêblêki rupamu | Juwalpayal angucap | sira nyatakêna kang ana ing sumur | Ki Umarmaya angucap | layaka sadulurmu iki |[256]|

16. payo padha tinilikan | lah dêlêngên mênawi ingsun sisip | cêmplungêna ingsun sumur |[257] lamun aku goroha | Juwalpayal angling lah payo andulu | mudhung saking ing gendhongan |

--- [f. 65r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 33 dari 93

sumur mati dèn parani ||

17. cinarita sumur brama | kang kalêbu lêbur tan ana kari | saprêng wus prata ing sumur | sami ngungak sêmana | Umarmaya lah dêlêngên iku |[258] Juwalpayal sigra ngungak | awas dènira ningali ||

18. adangu winangwang-wangwang | nulya kêbat Rahadèn Guritwêsi | ginêbrurakên[259] ing sumur | sang antu Juwalpayal | saprêng tiba ing sumur toyane murub | malêdhos pun Juwalpayal | bêbathang mubul ing langit ||

19. awake asêmpal-sêmpal | bêbathange pan kalêbu jaladri | apan dadi antu laut | kang kari anèng tawang | didya[260] antu wedang sangêt umobipun | kang tumibèng kayu ika | dadya antu walulang anyakiti |[261]|

20. [...] |[262] [...] |[263] dadi dhêngêng[264] tibèng gumuk | kang tiba bumi ika | apan iya dadi antu kala iku | ingkang tibèng wana ika | dadi antu banaspati ||

21. ingkang tiba ing sawangan | dadya antu sarab abêbayangni[265] | saprêng lêbur punang antu | Marmaya latah-latah | dalah mati sun apusi rêraimu | dene antu ingkang an |[266] Jayènglaga Umarmadi ||

22. apan iya milu ilang | antu siji akèh dadine nênggih | apan milu kang tinêluh | wong papat

--- [f. 65v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 34 dari 93

saprêng ilang | antu pan samya gagêtun |[267] dene ta nora kayaa | iki bisa urip maning ||

23. ponang kêmbar ting salambrang | ting garubrug padha lumayu wêdi | Sang Jayènglaga katêmu | dene kang para kêmbar | nulya kondur wau ta Sang Jayèngpupuh | sampun anumpak ing palwa | manahe kalangkung watir ||

24. pan sampun abêdhol jangkar | kalih sasi wau dènnya lumaris | lampahe palwa andarung | sigêgên Jayènglaga | cinarita ana pulo langkung agung | wotên[268] wukir langkung wiyat | kukulan[269] ing dhadhanggêndhis[270] ||

30. Dhandhanggula

1. winasantanan pulo ing Sarandil |[271] pagunungane nagri ing Selan | kaprênah wetan gununge | kilèng[272] nagaranipun | loring wukir wotên nêgari | ing Abêsah ing Loka | kaprênah loripun | gunu[273] Sarandil punika | luwuripun kadya mèh sundhul ing langit | gênge kagila-gila ||

2. cinarita ing gunung Srêrandil | pucak wontên pratapane ika | kagila-gila wiyare | pan wontê gêdhongipun | isi êmas salaka adi | prêtna mirah kumala | wastra adi susun | apa ingkang nora

--- [f. 66r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 35 dari 93

nana | jroning gêdhong langkung dene adi luwih | gêdhong kadi ing syarga ||

3. Ki Umarmaya amuwus aris | Jayènglaga dawêg munggah ngarga | anêdha wangsit bak olèh | pan Rajèng Srangndil[274] iku | ratu agung digdayèng sêkti | Jayènglaga ngandika | kakang ingong turut | apa ta sakarsanira | kabèh padha karia inèng[275] jaladri | ayya na lunga-lunga ||

4. nulya labuh jangkar tumuli |[276] layarira sampun ginulungan | baita pan kandhêg bae | nulya Sang Jayèngpupuh | nulya wau Ki Guritwêsi | mudhung saking baita | lampahe andarung | alon minggah ing prabatang | wong kêkalih babat ririh |[277] asangu puji donga ||

5. gunung agung apan de lampahi | kalih dalu tiga kalampahan | wus praptèng pucak lampahe | pan kantun sapanjuluk | praptèng pucak satriya kalih | lagya kandhêg ing tênggok |[278] pan kandhêg adulu | keblat sakawan jingnajah[279] | asri katon nêgari lawan jaladri | tan ana kang katingal ||

6. suruping arka gumantya ing wêngi |[280] Jayènglaga datan kêna obah | kangndhêk[281] ing tênggok [tênggo...]

--- [f. 66v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 36 dari 93

[...k] lampahe | Umarmaya amuwus | pêkênira Ki Jayèngmurti | kantuna anèng tênggak | manira mandhuwur | ngong jaja sèdêdêlan[282] |[283] Jayènglaga angling ingong kari ing ngriki |[284] têka sira minggaha ||

7. Marmaya nulya lumapah malih | arsa migah dhatêng luhur pisan | sampun praptèng pucak age | apan sampun alungguh | Umarmaya kagyat ningali | ana gêdhong kumala | kêbak isènipun | sêlaka êmas sêsotya | mirah itên[285] jumantên nila widuri | wastra adi kang mulya ||

8. jroning gêdhong lir syargan angalih | Umarmaya mulat rajabrana | kèh-akèh ing warnane |[286] abungah manahipun | karsanira kabèh dèn ambil | ginuturakên[287] mri ngandhap |[288] ika niyatipun | emut amaca tigapar[289] | nulya tobat Marmaya marang Yyang Widi | anêdha pangapura ||

9. ne kawula sakêdhap lali |[290] dene ayun marang rajabrana | donya kawula pan akèh | pêthi kawula satus | isi êmas salaka adi | mangke têka akarsa | marang donya agung | tuhu karajingan[291] setan | ngudubilah astagpirolah [astagpir...]

--- [f. 67r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 37 dari 93

[...olah] harngalim | Gusti Yyang Maha Mulya ||

10. Umarmaya nulya angabêkti | saprêng sujud ngakèhakên tobat | pan akathah pananlangsane |[292] tinarima Yyang Agung | tobatira Ki Guritwêsi | nulya sira asalam | maring têngên sampun | gêdhong liniring sakêdhap | sirna ilang êmas kancana kang adi | tan ana katingalan ||

11. Umarmaya nulya sujud malih | dene sujude wau katrima | sujud kang kari sukure | sampunira asujud | apitêkur ngukruk alinggih | ana sihing Yyang Sukma | Marmaya manêkung | sinung syara ing Yyang Sukama |[293] jaring syara hèh Marmaya sira iki | èstu kêkasihing Yyang ||

12. jroning gêdhong lêbonana aglis | pan ing kono iya ana kasang | nora sapira gêdhene | samarica bingnubut[294] | jêmbaripun pirang nêgari | age sira alapa | mêtu saking ngriku | nanging tan winênang sira | dadi ratu linilan sira akardi | age sira alapa ||

13. nulya ilang kang asuka wêling | Umarmaya atas amiyarsa | syara mangkono ujare | Marmaya nulya sujud | ciptanira

--- [f. 67v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 38 dari 93

manthêr Yyang Widi | Yyang Sukma gustiningwang | awal akiripun | sampun cidra ingkang syara | nulya tangi asujud Ki Guritwêsi | jroning gêdhong dèn ungak ||

14. ona gumandhul-gandhul ing nginggil | nulya ingalap dhatêng Marmaya | wus kêna pinudhut age | sarwi sinuwun-suwun | sakalangkung sokur ing Widi | udhunira pan egal | aprêmpit[295] kinandhut | kêkasang tan katingalan | byar raina tumurun Ki Guritwêsi | marani Jayènglaga ||

15. Jayelaga[296] kapagih ngabêkti | Umarmaya milu mèsbok ika | awêktu subuh kalihe | bakdane salat samapun |[297] samya muji marang Hyang Widi | adonga mri Yyang Suksma | wau kalihipun | wau ta Sang Jayènglaga | lêlirune ing wau sami awirid | jangkêp ping sèwu bakda ||

16. sami andonga ing Sukma malih | muga lananga dènira yuda | ewuh dadia gamapange |[298] ingkang awrat minusuh | gapangêna[299] kalahna jurit | lawan angsala karya | alah lakon ingsun | katrimaa mri Pangeran [Pange...]

--- [f. 68r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 39 dari 93

[...ran] | Jayènglaga ona wangsiting Yyang Widi | pituduhing Ynyang[300] Sukma ||

17. têka midêla sira kariyin | besuka yèn wis padhang tingalira |[301] sira ugahona[302] age | poma Ki Jayèngsatru | nulnya ilang kang suka wêling | samapun tatas rahina |[303] sêksana tumurun | Marmaya lan Jayènglaga | pan anyêrod lamapahira sangking wukir |[304] egal tumurun sigra ||

18. pagunêmana pan sarya lumaris |[305] lèh wangsit kalawan ora |[306] apan sami tutur malèh | sihra[307] mring Ynyang Agung |[308] Umarmaya lan Jayèngmurti | sangsaya mangun suka | nênggih kalihipun | datan kawarna sêmana | ing marga Jahyèngglagah[309] ing palya pan sapun prati |[310] pagih wadya sêdaya ||

19. sigêgêngn wau Ki Jayèngmurti | nênggih wontên wau cinarita | ingkang tinutur purwane | Rahadèn Alamdahur | duk tinutur wau anênggih | tinilar dening rama | lawan ibonipun | Ki Lamdahur kari lola | duk tinilare Alamdahur maksih alit |[311] darèng adarbe angkat ||

20. mila ing Selan tinilar sêpi | sawarnane têtigalanira[312] | miwah isine purane | pinudhut mring sang prabu | ing Abêsah ingkang nêgari | punika [puni...]

--- [f. 68v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 40 dari 93

[...ka] pamanira | mri Radèn Lamdahur | sadhèrèk sanaking-sanak | lan sang prabu jêjulukira sang aji | aran Raja Abêsah ||

21. Sang Lamdahur sêmana ingambil | dene kang paman Raja Albêsah[313] | kang paman langkung asihe | pinutra-putra dhanu | Ki Lamdahur dene sang aji | sinadulurkên ika | lan putra sang prabu | aran Radèn Sêpulalam | iya iku putrane sri narapati | langkung dinama-dama ||

22. gêng luhure apan ngalangkungi | ingkang êmban mila akèh rêmak | pilih anăngga bobote | mangkya Radèn Lamdahur | apan ngajêngakên birai | sangsaya gêng apanjang | warnane abagus | wong Abêsah sadaya |[314] agêng alit sadaya ajrih ningali | marang Lamdahur ika ||

23. blêngah-blêngah papan agêng aigil |[315] dêdêgira pan limalas êgas | limalas taun umure | kang paman asih langkung | kinêmbar la putrane sigih | nama Dyan Sipulalam | sêmana ingugung | apa sakarêpanira | putra kalih Lamdahur adarbe osik | manahe salobogan ||

31. Asmaradana

1. Lamdahur ingkang winarni | ing mangke sampun diwasa | apan agêdhe atine | nêgarane kang kaetang | lêbure nagri Selan | rinusak mri pamanipun | akarsa angadanana ||

2. Radèn Sipulalam aling[316] | kakang payo

--- [f. 69r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 41 dari 93

adêdolan | padha ngadu bocah bae | Lamdahur nauri ujar | igih dawêg yayi mas | gêthokan igih tohipun | kalawan rare akathah ||

3. anulya dèn adu agis[317] | bocahe Lamdahur kalah | sanurak[318] ing bocah akah[319] |[320] sabature ginêthokan | Lamdahur kalisêman[321] | dene kalah baturipun | dèn suraka dene wong kathah |[322]|

4. Lamdahur pan murang-muring | dhêngkul kula abang |[323] ginêthokan |[324] ya ta rare kang sok mênang | wangkingane cinandhak | dene Radyèn Alamdahur | binanting balunge rêmak ||

5. Lamdahur bungah kêpapati |[325] sabature samya surak | Dyèn Sipulalam dukane | Lamdahur nyata kêparat | padha angadu bocah | jawal têka milu-milu | nora idhêp awakira ||

6. bocah lola gondhang-gandhing | kudu gêdhekakên manah | migata[326] aja na kene | nora sudi bêbaturan | angkuhmu sawênang-wênang |[327] nora mambu wong pinupu | mara bocah tabokana ||

7. apan saya murang-muring | Lamdahur langkung bramatya | sarya angawêt lathine | Sipulalam dipun têkak | gulune tanpa polah | arsa tinapuk pan wurung | wus madadong gulunira ||

8. dèn uculakên ora eling |[328] sabature kagegeran | Lamdahur modar êloke |

--- [f. 69v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 42 dari 93

sabature surak-surah[329] | ya ta Ki Sipulalam | binêkta mring banipun |[330] mantuh[331] dhatêng dhatulaya ||

9. prata ngarsane sang aji | kang rama mulat mring putra | lamun madadong gulune | nora eling tinakonan | sang nata langkung duka | kang putra nulya pinaku[332] | kang ibu asru karuna ||

10. gumêdrê[333] dipun tangisi | sang nata asru ngandika | hèh êmbang[334] iki mulane | putraningsun kêna ngapa | gulu badadong dawa | dene sangêt nora emut | nyawa sun kuwêka sira ||

11. pun êmbang matur ngabêkti | Alamdahur kang anêkak | mila madadong gulune | purwanipun gagêthokan | Lamdahur asring kalah | polèhe sadaya katur | sang nata kalangkung duka ||

12. nulya kinèn mikut aglis | bajur kinujara[335] pisan | kinèn ngênthang-ênthangake | ya ta wong akèh ta ika | Lamdahur cinêkêlan | wantonipun maksih timur | manahe wêdi kewala ||

13. Lamdahur sampun ginodhi | kinujara nèng pêpanas | sang nata langkung dukane | putrane tan kêna waras | sangsaya pinilara | wau Radyan Alamdahur | kinujara dèn kakênthang ||

14. katur dhatêng mring sang aji | yèn ajaluk banyu sêga | sang nata langkung dukune[336] | umbènana

--- [f. 70r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 43 dari 93

lan baruwang | pakanên sakyèh ngupas | kêbyokên latêng kêmadhuh | dimone amodar pisan ||

15. măngsa anêdyaa bêcik | pan iku anake mêsah | besuk iku yèn wis gêdhe | pasthi Selan kang dèn prêbat[337] | karane patènana | ki patih nêmbah umatur | yèn suwawi lan sang nata ||

16. sampun pinêjahan ngriki | luhung pinêjahan sabrang | ing ngriki nistha ucape | mêjahi sutaning wăngsa | sang nata angandika | iya patèh sakaprêpmu | iku sok ugi matia ||

17. ki patih tur sêmbah mijil | prata wau nèng kujaran | satibalane sang katong | nulya ingubenan[338] upas | Lamdahur tan krêrasa | pinakan gadhung kacubung | Lamdahur datan karasa ||

18. apan dadya susum[339] daging | sa dadi ginêgala |[340] ki patih langku merange | sakèh wisa samya tawa | nulya wong kawan dasa | kang kinèna ambêta sampun |[341] dhatêng nêgara ing sabrang ||

19. datan kacatur ing tulis | lampahira anèng marga | saking kêbating lampahe | ya ta gêlis cinarita | praptèng nagara Loka | ya ta kocapa sang prabu | ing Loka Sang Raja Jorah ||

20. pan lagya miyos tinangkil | wau ta Sang Prabu Loka | anèng pagêlaran adhèr[342] | pêpêk sanggung[343] wadyabala | prajurit sinatriya | sêsak [sê...]

--- [f. 70v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 44 dari 93

[...sak] jêjêl ngalun-alun | kang anèng ngarsa sang nata ||

21. ki patih kang munggèng ngarsi | iku andêle sang nata | tinari ala bêcike | sang nata alon ngandika | hèh Apatih Jarniyah | apa ta ana kang sanggup | năngga bidine[344] si rara ||

22. botên wontêngn ananggupi | ing bidine ratu êmas | sak mirsa kula sang katong | akêkês tan bisa ngucap | sakèhe ingkang jalma | tan kuwawi lampahipun | punika kang kinajrihan ||

23. suka gumujêng sang aji | si rara nora akrama | yèn nora na kang knăngga[345] bidine |[346] sakeca imbal wacana | kalawan ki apatya | kasaru wau kang rawuh | utusana saking Abêsah |[347]|

24. sang nata kawan dasa ingkang prati |[348] anjog datanpa larapan | prata ngarsane sang katong | ki apatih matur nêmbah | nuhun pangduka[349] nata | wontên duta rajèng rawuh | gih rakamta ing Abêsah ||

25. sang nata ngandika aris | tibalana marang ngarsa | gya tinibalan tan suwe | prata ngarsane sang nata | putusan sigra nêmbah | kawula ngutus sang prabu | sang nata alon ngandika ||

26. punika Lamdahur singgih | katura panduka nata | angutapêna[350] ing pêjahe |[351] punika langkung nrêracak | Rahadèn Sipulalan[352] | tinêkêk [ti...]

--- [f. 71r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 45 dari 93

[...nêkêk] gulune putung | lan ajêng ngangkat nêgara ||

27. ingkang putra datan eling | Ki Lamdahur ingkang nêkak | mila katur mring sang rèjèng | milane sangêt kang duka | Prabu Loka ngandika | bocah payo dèn agupuh | Lamdahur sira lêbokna ||

28. iya kunjaranên wêsi | kang kinèn sigra anêmbah | Lamdahur binêkta age | mring kunjara wêsi prata | linêbokakê[353] sigra | sarwi wau winayuyung | êduk lan rante kinarya ||

29. Lamdahur asru anangis | pan aku tan dosa pêjah | pagene aku pinatèn | kaniaya ta si paman | iya măngsa bodhoa | wong akèh sami amuwdurn[354] | matur dhatêng sri narendra ||

30. sang nata ngandika aris | utusan sira matura | Lamdahur wus mati kene | ayya kuwatir si kakang | Lamdahur pan wis pêjah | utusan manêmbah nuwun amit |[355] lengsor[356] saking ngarsa nata ||

31. sang nata ngandika aris | hèh patih sira cobaa | pakanana ing upas akèh |[357] Lamdahur kaprêpe modar | upas Ngabêsah tawa | jajalên upasku iku | miwah bubuk lan baruwang ||

32. ya ta nuli dèn lêkasi | upas bubuk lan baruwang | Lamdahur pan bêci[358] bae | malah ta dadi tatămba | larane dadya mulya | saya agêng atotipun[359] [atotipu...]

--- [f. 71v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 46 dari 93

[...n] | atos bêbangunge[360] pisan ||

33. kaku atine ki patih | anuyya wau tinilar | măngsa ora mati dhewe | Lamdahur kari kunjaran | wêsi ingkang kunjara | langkung dene kawlasayun | warnane lir mas kumabang[361] ||

32. Maskumambang

1. kawarnaa sang raja pinutri |[362] putrane sang nat |[363] anadene kang wêwangi | arana Prêtna Usulbiyah |[364]|

2. tuhu ayu apêparab Ni Mêdharsih | dwong[365] adhangah-dhangah | salira lurus agilig | cahyane amedha[366] wulan ||

3. lêlewane tuhu lamun jokarangin[367] | lalok-lalok danar-danar |[368] ulate ngandhil angirid | mêlok-mêlok asun[369] brăngta ||

4. rema mêmak adhangn-adhan[370] tur awilis | sinom micis wutah | baune wijang awiwing | dariji angrayung raras ||

5. yèn lumampah gandrung-gandrung angedani | milane sang prêtna | dadya boboting nagari | akèh satriya kaprawasa |[371]|

6. bidinira wau ta sang raja putri | amadi[372] tur awrat | warnanên sang raja putri | pinarak dhêdhampar êmas ||

7. êmban inya atarap andhèr nèng ngarsi | pan kadya Supraba | warnane Dèwi Mêdharsih | ingayab dening pawongan ||

8. Ni Mêdharsih atanya mring bibi |[373] biyang jare jaba | ana putra dèn larani | ginodhi tur kinujara ||

--- [f. 72r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 47 dari 93

9. dèn upasi upas kang aluwih mandi | apa dosanira | dene têka luwih-luwih | angukumakên si rama ||

10. lah matura biyang inya kang sayêkti | ni inya anêmbah | kawula amirsa warti | punika putra ing Selan ||

11. winêstanan arsa angêndhih nêgari | mring uwa panduka | Raja Ngabêsah Narpati | mila arsa pinêjahan ||

12. kawarnaa surup sang partănggapati | sang ayu ngandaka | aku arsa amanggihi | biyang ingkang kinujara ||

13. biyang inya ngong sinau lambangsari | aja gita-gata[374] | ingong ginau angabdi | marang kang anèng kunjara ||

14. alah payo biyang padha laku maling | wayah siprêp jama[375] | sang dyah ningsêti camênthing | acancut ataliwănda ||

15. dyan pinutêr gadane sang raja dèwi | binuwang ing tawang | tiba sinăngga ing wèni | mawur layoning puspit |[376]|

16. sampun mêdal sang dyah saking ing jro puri | lan amban[377] sêkawan | bidine tansah cinangking | wêdale tan ana wikan ||

17. tan asuwe praptane kunjaran wêsi | Ni Rêtna Pamêddhar | Lamdahur mapan nora uni[378] |[379] apan anangis kewala ||

18. ya bêthara bajutêna[380] larutên kami |[381] tan kêlar anandhang | kinujara dipun gadhi[382] | ya dewa bajutên ingwang ||

19. sang dyah ayu manahe lir dèn iris |[383] mirsa kang sêsambat [sê...]

--- [f. 72v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 48 dari 93

[...sambat] | sa dyah angandika aris | radyèn putra lah midala[384] ||

20. sampun nangis mangke kawula luwari | amung ta manira | pan sira sun ajak mati | mangke kula ngutapêna[385] ||

21. Ki Lamdahur barik anangis |[386] sokur sèwu pisan | aku nuli kapatèni | nora bêtah nadhang[387] lara ||

22. sang dyah angling kaya yèn laraa aki[388] | dèn ringkêl kewala | ana ing kunjara wêsi | dene ta amêlasarsa ||

23. ngong jajine[389] sira putra ing Sarandil | lamun sira kêlar | năngga bidiningsun iki | pêsthi jatukramaningwang ||

24. lamun dudu jatukramaningsun iki | lêbura wor lêmah | agya sang raja pinutri | bingndi[390] pinutêr nèng tawang ||

25. dyan sinabêt ing bingndi kunjara wêsi | syarane lir gêlap | nêmpuh ing kunjara wêsi | kujara malêdug sigar ||

26. lêbur pokah malêdug kunjara wêsi | Lamdahur akuwat | gadhi sirna datan kari | Lamdahur mijil kang waspa ||

33. Mijil

1. Ulamdahur[391] nulya mêdal aglis | kunjara wus bajod | pan anuli Lamdahur gêdhene | kirig-kirig saya agêng inggil | kagyat radèn dèwi | pan arsa lumayu ||

2. aningali wong agêng ainggil | sang dyah mulat [mula...]

--- [f. 73r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 49 dari 93

[...t] ing wong | mèh lumayu sinêndhal astane | sêsampure apan dèn gendhali[392] | kukuh anggujêngi | Rahadèn Lamdahur ||

3. Dyan Lamdahur sigra ana muwus aris |[393] hèh mangke wong wadon | pan kawula kapotangan gêdhe | awrat têmên wong autang urip | ni êmban nauri | ayya sira purun ||

4. iku uga gustimu sang putri | ing Loka kang kaot | Alamdahur sigra mêndhak age | anoragèng asrah pati urip | nuwun kanjêng gusti | dene kamipurun ||

5. sang dyah ayu nulya lngoso[394] ing siti |[395] pan sampun angraos | iya wau ing prajangjehane | sang dyah ayu matur awotsari | pan manira iki | asuwitèng kakung ||

6. inggih sitên ingkang năngga bindi | yêkti kramaningong | anjalmaa mawongan dhèwèke | Alamdahur anduga ing galih | dhuh dewaning Ratih | wikana puniku ||

7. pan kawula kapotangan urip | tan kawawa ingong | amalêsa ing kapênêdene[396] | pan kawula gusti dama masking[397] | [...] |[398] dene pêtêng dalu ||

8. lah suwawi kawula aturi | malêbèng kadhatongn[399] | atas mangke wau sêsikune | Alamdahur ature amanis | inggih nimas guti[400] | kula

--- [f. 73v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 50 dari 93

atut pungkur ||

9. nulya lumampah marang ing jro puri |[401] pan maksih pinondhong | Alamdahur mangkana ciptane | nadyan ingsun amanggiha pati | wis pantêse putri | yèn tinon anglampus ||

10. arsa tumuruna tan dèn sukani |[402] pan maksih pinondhong | Alamdahur anyangking gadane | sang dyah ayu suka aningali | tuhu yèn prejurit[403] | Lamdahur lakiku ||

11. tan kawarn lampahe nèng margi |[404] prapta nèng kadhaton | wus malêbu ing dalêm kaputrèngn[405] | ing madeprêtna[406] sampun alinggih | padèm[407] anêlahi | wanci têngah dalu ||

12. Ki Lamdahur katara yèn sigit | cahyane mancarong | katarangan ing padama alise |[408] pan katara yèn êtrah nêrpati | cahyane awêning | Rahadèn Lamdahur ||

13. pan mêngkana tyase sang putri |[409] rama ibu ingong | lamun datana prêmê[410] ing mantune |[411] pasthi ingsun kesah saking ngriki | apan sun belani | Rahade[412] Lemdahur[413] ||

14. Ni Mêdharsih suwita ing laki | sêmbada dhap asor | anujoni rasaning driyane | Alamdahur apan dèn sirami | jinêngbadan[414] amringk[415] | saya wuwuh bagus ||

15. akampuh gadhung rinukmi |[416] pinggir piniraos [pinira...]

--- [f. 74r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 51 dari 93

[...os] | rineda[417] bengkok wau paningsête |[418] dhuwung kandêlan sinilih asih | ajamang mas abrit | asasêsotya murub |[419]|

16. salingn wastra kêncana pan adi | yèn tinon amapyor | cêpaka mulya ing dhapure |[420] kasêmêkan jiga tinêpi |[421] êmêr mas cinawi | asêngkang mangukung[422] ||

17. apilis wungu saya dumêling | kuninge mancorong | pait kilang sang prêtna sêmune | ukêl malang puspitane amrik | gănda nrus pratiwi | mêdharakê[423] kayun ||

18. sang dyah ayu amarani laki | pinarak nèng pangkon | wus tatane wong kopar mangkene | yèn padha kaprêpe jalu èstri | paningkahe singgih | alinggih nèng pangku ||

19. Alamdahur mambu gada[424] wangi | granane madhadhok | ya ta emut sêmana lanange | sang dyah ingaras awanti-wanti | sarya ngarih-arih | sang dyah nangkis gêlung ||

20. ya ta ingêmban sang raja dèwi | binêkta mring langon | lir walangkrik sang dyah gêgarute | adhuh kusuma dewane Ratih | pawèstri awêdi | angukuli kakung ||

21. sinung gantèn wau sangking lathi | tinarimèng waos | putra-putri arêmpu manahe | Dyan Lamdahur angaras ing pipi | sarya ngarih-arih | dhuh dewaning ayu ||

22. kang sawang kêncana rinujit |[425] dewaning paturun |[426] ingkang [ing...]

--- [f. 74v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 52 dari 93

[...kang] sawang wulan wêdanane | yayyang[427] tilam kang puspita amrik | mayêng sèwu bumi | kula dèrèng ngantuk ||

23. wênangêna ya ngara[428] sang dèwi | payudara gêmoh | kasêmêkan pan kênang luhure | sang dyah tangkis anulya anjiwit | dhuh wong apa iki | garita-garitu ||

24. wani-wani larangan kang adi | sapa ingkang akon | Alamdahur amani[429] sêbdane | batên wontên ingkang angajani | purun ngaras gusti | dene pipi nganggur ||

25. tulusêna angabdèkkên mami | wong ayu amêlok | langkung têma[430] kang abdi sakite | mangke sinaruwe dhatêng gusti | tur sinungan urip | adhuh dewaningsun ||

26. iki baya panukmaning Ratih | intêni[431] kadhaton | ing Sarandil mas ayu bakale | muga tulusa wibawa mukti | ona ing Sarandil | ngong juru pangangsu ||

27. kamipurun sumawitèng gusti | gung brăngta wirangrong | malah mandar asiha gustine | sêtyanana dèn tumêkèng kapti | pu[432] kakang ta gusti | langkung kawlasayun ||

28. kadi citaka[433] aminta riris | matur mring sang sinom | kêmanisên sang prêtna asare | ginuturan ing srênggara prêsmi | nèng êmbanan guling | kusumaning ayu ||

29. binêkta wau sang liring sari | minggah nèng paturon | ingkang garwa alon sinarèkake |[434] sang dyah wungu alon ajiwiti [a...]

--- [f. 75r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 53 dari 93

[...jiwiti] | pinarjayèng prêsmi | ing jinêm lan mundur ||

34. Durma

1. byar rahina wayahe kala sêmana | ya ta warnanên ejing | sakyèhing punggawa | mulat kunjara prêmak | bêbandène[435] tan kaèsi | gègèr wong kathah | katur dhatêng sang aji ||

2. ki apatya matur dhatêng sri narendra | sigra malêbèng puri | sang nata pinarak | kagyat mulat ing patya | ana karsanira patih | ngong dulu gita | nêmbah matur ki patih ||

3. abdi dalê pun patih ngaturkên tiwas | lêbur kunjara wêsi | bêbandan pan ical | sang nata angandika | sapa ingkang prêmak patih | dene kuwasa | bêbandan ana ngêndi ||

4. kawarnaa pun êmban Wilada |[436] matur dhatêng sang aji | amba atur uninga |[437] bêbandan kinujara | punika kang dadya maling | wontên jro pura | awor lan kanjêng gusti ||

5. botên kenging pisaha sanalika |[438] pisaha angêmasi | pêsthi tuwêk raga | putra tuwan sang nata | kawula awlas ningali | sri naradipa | bêndu yayah sinipi ||

6. age patih kêbutna para punggawa | konên nyêkêl si maling | poma dèn katigas | êndhase duratmaka | kya patih nêmbah gya mijil | prata ing jaba | wau kiyai patih ||

7. sigra bêndhe angukung kêndhang gumrêrah | prapta sakèh prajurit | lumalyya kewala | prata nèng pagêlaran | pating balêbrê kang jalmi | sarta gamannya | tumbak kalawan bêdhil ||

--- [f. 75v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 54 dari 93

8. kawarnaa Lamdahur lawan sang prêtna | tan pisah kadya mimi | umatur sang prêtna | kadipundi kang karsa | arsa cinêkêl prajurit | purun panduka | Lamdahur anauri ||

9. iya wani lêga têmên atiningwang | yèn kinêmbulan jurit | pan wis ujar ingwang | sira sun tuku pêjah | sun lamar ing lara pati | angur matia | wurung amandhong putri ||

10. sang juwita umatur dhatêng kang raka | igih lêga kang ati | yèn purun panduka | sampun wontên ing pura | ajurit wontên ing jawi | jêmbar polatan | ngalun-alun abêcik ||

11. pan kawula atut wingking ing panduka | inggih botên atêbih | pan bingdi punika | inggih kawula bêkta | Lamdahur nulya mathithing | acêcawêtan | sabuk wusa dèn kêncêngi |[439]|

12. sampun mêdal Lamdahur sangking jro pura | ing alun-alun prapti | gege[440] wong akathah | sarêng mulat sadaya | lah iki rupane maling | mêtu nèng jaba | paye[441] cinêkêl aglas |[442]|

13. kinarubut Lamdahur dene wong kathah | batur wong maling iki | agêngipun kalitang |[443] dhuwuripun aliwati |[444] lah mara êbnyakan[445] wani | nulnya nêrajang | anjambak agendhola |[446]|

14. rajaputra saegane Gathutkaca | duk rinabut ing jurit | mring wadiya Ngastina |[447] kinarubut ing kathah | Lamdahur amurang-muring | jinambak-jabak[448] | bramatyane tan sipi ||

15. pan kinipata ing wau ing asta kiwa |[449] sapuluh tiba têbih | kang têngên akipat | wong kathah [ka...]

--- [f. 76r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 55 dari 93

[...thah] pan kasingsal | wong tri puluh ting galiting[450] | samya kantaka | tan ana bisa osik ||

16. pan wong kathah tan ana măngga puliha | singa jinêjak mamti[451] | kang sinepak-sepak | kang sinandhung malêsat | kang binanting nora urip | pating sulayah | kadi babadan pacing ||

17. Alamdahur kinarubut ing wong kathah | miwah para prajurit | apan ginêbugan | ing gada lawan cakra | pa papênthung lawan suligi |[452] lir robing sagara |[453] syarane wong ajurit ||

18. surak umung suwarane wong ayuda | lir udan sinêmèni | ana ingkang anumbak |[454] sawênèh ana mêdhang | Lamdahur datan gumingsir | tapa gêgaman | wong akèh angêbyuki ||

19. Alamdahur atangkis asti[455] kewala | panupuh[456] ngarsa wuri | têngên lawan kiwa | Alamdahur apêpanggah |[457] dèn gadani wanti-wanti | pan kinathahan | Ki Lamdahur abudi ||

20. rajaputra sigra ambêdhol wantilan | wong kathah dèn gêbugi | pan pating palêsat | [...] |[458] lumayu kang kari mati | wadya ing Loka | tan ana măngga pulih ||

21. sirna larut prajurit para satriya | siji tan ana kari | ya ta katingalan | Lamdahur prêrangira | dene kusumaning adi | langkung gawoknya | dhatêng putra ing Sarandil |[459]|

22. Alamdahur sigra wau sumbar-sumbar | payo ratumu êdi | kang milara ingwang | lawan [la...]

--- [f. 76v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 56 dari 93

[...wan] patihe pisan | su bèthètane nuli |[460] kalangkung suka | sang dyah prata nèng ngarsi ||

23. nulya mêdhak sang prêtna angaras pada | ature amlasasih | lah sampu pangeran | bala panduka rusak | Lamdahur alon nauri | tan idhêp ingwang | mau akon nandangi ||

24. tinêmênan mêngko sira nora suka | mas ayu angewuhi | matur sang kusuma | inggih saduka-duka | sêdhêng kawula ngayoni | sêkti panduka | kawula wus udani ||

25. Alamdahur gumuyu asêmu duka | sigra asta kinanthi | sarya dipun aras | sang dyah matur kang raka | lah dawêg matur sang aji | kauningana | dika dhatêng nêrpati ||

26. Alamdahur angling apa karsanira | nadyan tumêkèng pati | yèn baprêng lan sira | nadyan pêjaha asab | sang ayu mèsêm anjiwit | sigra lumampah | sinome dèn usapi ||

35. Sinom

1. kocapa prêkyana[461] patya | umatur dhatêng sang aji | yèn wadyane kathah rusak | dèn amuk mring punang maling | bubar kang wadya gusis | kathah

--- [f. 77r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 57 dari 93

tatu samya lampus | ngalun-alun gulasah | dèn kêbyuki ing waringin | dèn saponi ing wastra akathah pêjah ||

2. sang nata kalangkung gita | mirsa ature ki patih | kasaru wau kang putra | malêbêt sajroning puri | Radyan Lamdahur kari | sang dyah prapta nèng kadhatun | prata ngarsane ngrama | sang nata kagyat ningali | ingkang putra anulya pinalajêngan ||

3. rinangkul wau kang putra | binêkta tata alinggih | alon wau tinakonan | pageneya sira nini | têka alaki maling | lan iku wong dosa agung | sakèh ratu sadaya | pan sira tampik |[462] mudur mangko têka laki wong durjana ||

4. medah[463] ujare wong kathah | sira laki olih maling | dene ta nora kayaa | nora bêcik kang pinanggih | balamu akèh mati | têkaa wêngi ataku[464] | matur kusuma rara | sanadyan jujana[465] maling | yèn kuwawi anăngga bindi kawula ||

5. sayêkti kawula rama | pan sampun kalêbèng jangji | cilaka kawula cidra | gagêtung[466] sri narapati | mirsa aturing putri | angandika sang aprabu | pan iya nora bakal | jodho iku kikining pêsthi |[467] kaya ngapa nini gon isun sumigah[468] ||

6. alah age timbalana | nini lakènira aglis | kang putra nulya tur nêmbah | kang raka dipun timbali | tan atara[469] wus prati | kang nama Radèn Lamdahur | prata ngarsane

--- [f. 77v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 58 dari 93

nata | ngaloso dènira linggih | kurang parang suselane putra Selan ||

7. tri pandurat tan ngandika | sang nata mandêng ningali | apan nora nate ninga | dhatênge kala ginodhi | nyata lamun asigit | kang anama Alamdahur | layak mutrê nêgara | tingale amamêdèni | krêrantêne kêlar năngga bindi waja ||

8. lah iya sira tulusa | akrama lan nini putri | dipun agung pangaksam |[470] dene gêdhe ingkang budi | dipun bisa ngawruhi | matur Radyan Alamdahur | nêmbah mangaras pada | botên sagêd amangsuli | ya ta asih sang nata mri mantunira ||

9. lah uwis sira mantuka | mring dalême nini putri | ing bênjang atata-tata | sira amangku nêgari | dene pun bapa iki | sêdhêng têtarukèng gunung | manira amêgawanan |[471] pêngawinan pacul kudhi | Alamdahur sangsaya kabyatana krêsna[472] |[473]|

10. Lamdahur matur anêmbah | anuwun sri narapati | kasuwun kalinggamurda | pasihanira sang aji | tan sagêd amangsuli | atur kawula pukulun | yèn angsal barkat tuwan | kawula darbe nêgari | têtilare pun rama nagri ri ing Selan |[474]|

11. yakti punika sang nata | ingkang kawula nandosi | sang nata suka ngandika | iya bênêr sira kaki | apan ing lèke iki | apan ing lèke iki | kalawan ing Selan iku | iya dadi satunggal | tan angrasa putra èstri | apan sira [si...]

--- [f. 78r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 59 dari 93

[...ra] putra gèn isun ayogya ||[475]

12. Lamdahur matur anêmbah | kawula nuhuna sang aji |[476] dipun damêlna gêgaman | gada wêsi ingkang adi | kang wawrata sèwu dhacin |[477] dèn sêmbada agêngipun | samangsane dadosa | ing Selan kula antuki | anjabêla dhumatêng pun paman |[478]|

13. sang nata alon ngandika | iya kaki benjing ejing | ingong angundhang wadya |[479] agawea gada wêsi | kang wawrata sèwu dhacin |[480] mandahane agêngipun | uwis sira muliha | ing mêngko pan sampun wêngi | sang juwita matur anêmbah kang rama ||

14. Lamdahur lèngsèr tur sêmbah | mudur pan sarêng saribit[481] | sangking ngajênganing rama | wus praptèng ing dalêma puri |[482] kocapa sri bupati | ki patih ngandikan wau | sang nata angandika | patih karyaa tumuli | gada wêsi wawrat sèwu dhacin ika ||

15. lah iya patih dèn egal | pira kèhe sèwu dhacin | ki patih mudur anêmbah | sangking ngarsane nêrpati | warnanên raja dèwi | ingkang akalihan wau | sapraptanira ing pura |[483] samnya[484] kalihan aligih | ne jrêrambah ingayap parêkan aglar ||

16. apan sami trêsnanira | sang putra lan sang putri |[485] kang garwa sinangwang-sawang[486] | ginunaturan ing rarêpi |[487] tan kawawa nadhahi | kang garwa nulya sinambut | pinandhong[488] ngayang-ayang | nèng êmbanan kongah-kangih | palorodan sêmune jaluk kudang |[489]|

17. kakungira aturutan [aturu...]

--- [f. 78v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 60 dari 93

[...tan] | nadhahi karsaning rabi | kang garwa ingaras-aras | tangkis wani mobat-mabit | kakung cuwa kang galih | kang garwa nulya rinangkul | wong ayu danar-danar | pantês yèn akarya brangti | wus adalu wong ayu ayu gulinga ||

18. sapa kang duwe bêndara | kang asawang ruming sari | amanis yèn angandika | ratu-ratuning sabumi | èsême pait gêndhis | tuntung guruning wong ayu | gèn ingsun angawula | baya panukmaning Ratih | amung dika mirah kang mungge[490] kumuda ||

19. midrêra salawe dina | măngsa antuka ngulati | wong agandês kaya dika | kuninge amendha sasi | kasilir dene ngangin | saya angimbuhi ayu | liring lir guladrawa | pilis wungu amantêsi | yèn sinawang kadya wulan karainan ||

20. kêmanisên sang kusuma | kagunturan ing rarêpi | adangu kinudang-kudang | wong ayu ayu awadi | sang kakung anêmêni | binêkta mring jinêm arum | sang myah[491] asêsareyan | sang kakung nêkakkên kapati |[492] nunggal karsa anèng ing jinêm paprêman ||

21. campuh kang pulang asmara | lir bramara ngusya sari | amrih maduning kusuma | kang kêna maduning sari | bramara rêngih-rêngih | angusya lêsahing madu | sang rêtna kadrawasan | mênggah sarya sambat mati | kaprawasa sang

--- [f. 79r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 61 dari 93

rêtna yuda kênaka ||

36. Pangkur

1. enjing mangkya kawarnaa | pan gumuruh ya ta syaraning jalmi | nênggih pirang-pirang atus | ingkang akarya gada | kang atubambas wêsi pirang-pirang èwu |[493] parang[494] dina abusêkan | kang akarya gada wêsi ||

2. ya ta wus dadi kang gada | kawarnaa miyos sri narapati | siniwi nèng sitiluhur | pêpaka nèng sitibêntar |[495] ingkang gada sêmana katur sang prabu | gêdhene kagila-gila | ginatong[496] wong walung dèsi ||

3. sang nata alon ngandika | hèh ki pitih[497] gada apan wus dadi | yèn wus dadi isun pudhut | ki patih matur nambah[498] | gih punika katura dhatêng sang prabu | punika kagungan gada | ingkang wawrate sawu[499] dhacin |[500]|

4. pilih kang kuwawi ngangkat | suka-suka gumujêng sri bupati | lah wis didi[501] putraningsun | sira mundhuta gada | lah jajala paran gènira anjujung | Sang Lamdahur sigra nambah | ngangkat ponang gada wêsa |[502]|

5. dèn ubulakên ing tawang | ya ta ngisis wadyabala awêdi | ajrih bok katiban lêbur | sarêng gada tumiba | dipun tundha dene Radyan Alamdahur | pinutêr kadya kitiran | eba[503] sakyèh aningali ||

6. Lamdahur wu[504] mutrê gada | mrêrak malih ngajêngane sang aji | angandika sang aprabu | tuhu sira kawasa | alah uwis aja kalayatan kulup | jalukên nagaranira | miwah saisining puri ||

7. sabalanira ing Loka [Lo...]

--- [f. 79v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 62 dari 93

[...ka] | lah gawanên ingsun datan ngawruhi | mangkata ing besuk esuk | sawêngi mêngko dadan | Alamdahur umatur dhatêng sang prabu | kawula igih sandika | lumapah ing bejing ejing ||

8. wus têlas dènnya ngandika | sri narendra jêngkar lumêbèng puri | ing jawi umyang gumuruh | ki patya undhang-undhang | ingkang tumut dhatêng Radyèn Alamdahur | ambêdhah kutha Ngabêsah | mantri limang èwu ngiring ||

9. sami prajurit sadaya | wis acaos nganti wijiling gusti | [...] |[505] kaputrèn sampun prata | rajaputri mirsa yèn kang raka rawuh | nulya mapag mêdhak ngarsa | amisuhi pada kalih ||

10. têlas ingkang punang toya | lukar gêlung kinarya usapa sikil |[506] nulya sinambut sang ayu | binêta palênggahan | sampun tata pinaraka garwa pinangku |[507] ingayap para pawongan | tarap andhèr anèng siti ||

11. Radyan Lamdahur ngandika | nimas ratu kawula nuwun pamit | aprêbut nagaraningsun | ingkang ana si paman | awèh nora awèha manira jaluk | saisine jroning pura | sadaya ingong jabêli ||

12. sang ayu matur manêmbah | inggih kakang kula dhatêng lumiring | jumurung ing karsanipun | upami mêsah awrat | pan kawula kakang bandhêmna ing musuh | prêmuka[508] kangbalangêna[509] [kang...]

--- [f. 80r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 63 dari 93

[...balangêna] | ing musuh lan wong Ngabêsi ||

13. Lamdahur ngaras kang garwa | amung sira ayu prawirèng jurit | tan larang tinuku lampus | putrine wong ning Loka | baya iki Lamdahur margane mantuk | marang nagara ing Selan | akrama putri prajurit ||

14. tan kawarna lampahira | Alamdahur asmara marang rabi | enjing asawega sampun | makutha abadhong mas | kilatbau anting-anting akêkalung | arasukan lapis tiga | alancingan panji-panji ||

15. sasampunira sawega | Alamdahur ngandika marang rabi | payo marak mri sang prabu | arsa pamit manira | marang ibu sêksana lumampah sampun | prapta ngarsane kang rama | sang nata suka ningali ||

16. Radyan Lamdahur tur sêmbah | nuwun duka kawula nuwun pamit | sang nata ngandika arum | aya[510] kulup mangkata | anggawaa wong Loka ya limang èwu | pan ingsun gawani sira | titihan manira èsthi ||

17. gajah ingsun ulêngs[511] buntal | tautate ingsun gawa ajurit | agêdhe luhur atêguh | pantês sira kang nunggang | dyan sinaosakên ènèng[512] alun-alun | sigra wau ngaras pada | dhatêng rama ibu sora |[513]|

18. mundur ngarsane kang rama | ingkang garwa tinilar kari brangti | wau Radyan Alamdahur | prata [pra...]

--- [f. 80v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 64 dari 93

[...ta] ing pagêlaran | liman buntal sêmana sigra pinudhut | apan sampun tinitihan | lir Gathotkaca ngajrihi ||

19. untabe kang balakusya | pan abubul kadya sela blêkithi | syaraning jalma gumuruh | asyang pangriking kuda | sigra bubar wau Radyan Alamdahur | mêdal saking jawi kutha | gêgaman dinulu asri ||

20. warnanên wadya ing Loka | ingkang caos baita ing pasisir | kapal giyot lan sêlup |[514] wangkang camêthing tembak | lan sêsampan lan galiyung |[515] pirang-pirang kang baita | Radyan Lamdahur wus prati ||

21. Lamdahur numpak baita | sabalane wong Loka samya ngiring | nulya mingga[516] nèng parau | nulya ababar layar | nèng laotan nat kang toya tinrajang asru |[517] lampahe lir jaran ngêrap | alêpas lampahe nênggih ||

22. nêngna ingkang lumampah |[518] kawarnaa wau sri narapati | Ngabêsah miyos sang prabu | pinarak pagêlaran | sitibêntar pêpêkan para tumênggung | ngabèi dêmang gêlar |[519] miwah kang para prajurit ||

23. samya prawira digdaya | sêsêk jêjêl wadyabala kang nangkil | angandika sang aprabu | ki patih praptèng ngarsa | sri narendra angandika tutung bêndu | kayaparan adhi êmas | ing Loka kaprêpe iki ||

--- [f. 81r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 65 dari 93

24. ingong uwèhi bêbandan | karsaningsun iku ngong kon matèni | wêkasan ingambil mantu | dene nora kayaa | ingsun lamar basane dhingin aprêmbug | anganti akil kewala | dene têka angnyidrani[520] ||

25. ki patih matur manêmbah | yèn suwawi lawan karsa sang aji | ing Loke[521] ginêcak purun | eca imbal wacana | pan kasaru wong tampingan ingkang rawuh | ango[522] tanpa larapan |[523] prapta ngarsane sang aji ||

26. sang nata alon ngandika | mantriningsun tampingan gipih prapti | ana apa ta ing laut | agêpèh lakonira | ponang mantri tampingan nêmbah umatur | kawula atur uninga | dhatêng panduka sang aji ||

27. ing laut pan kathah palwa | pan samêkta gêgamaning ajurit | nênggih ing wartèningpun[524] |[525] anggêcak mri panduka | ingkang mantu Raja Loka Alamdahur | kang arsa bêdhah Ngabêsah | angjabêl ingkang nagari ||

28. lan malih ujaring warta | arsa malê[526] lara wirang lan pati | punika sampun misuwur | lumrah ing ulubalang | sri narengdra miyarsa kalangkung bêndu | kang jaja awinga-winga | dukane tan dèn uduri[527] ||

37. Durma

1. angandika sang nata dhatêng ki patya | sira mêpêka baris | samêktaning yuda | nulya jêngkar [jêng...]

--- [f. 81v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 66 dari 93

[...kar] sang nata | sampun ngadhan sèng[528] aji |[529] ki patih sigra | ambêndhe mêpak baris ||

2. untabing wong lumapah lir banjir bandhang | awor pangriking wajik | lawan ngricikin[530] watang |[531] kadêbêging lumapah | obah lindhu ingkang bumi | lampahnya kêbat | pinêlak ingkang baris ||

3. sampun prapta ing pigir pasisir ika | Lamdahur kang winarni | angadhêp ing palwa | mênèk[532] mugah[533] dharatan | amanggrahan anênggih |[534] sakyèhing wadya | sadaya dèn undhangi ||

4. poma aja kongsi mugah nèng dharatan | palwa ing Loka iki | nulya barêng surak | kadi ta langit rêbah | ya ta kang anèng jaladri | sadaya mulat | yèn musuh amêdali ||

5. sinipatan palwa kang anèng ing ngarsa | apan ta kathah kêni | pa kaciwa papan | amalês datan angsal | Lamdahur amirsa bêdhil | agadêbugan | kêdah abyur[535] jaladri ||

6. angamuka marang wadya ing Ngabêsah | anulya dèn aturi | de[...]ênira |[536] gusti sampun aprêrang | kawula wus dèn wangsiti | bala ing Selan | ingkang arsa ambalik ||

7. langkung duka Lamdahur amirsa warta | payo nêsêg awani | barise Ngabêsah | nulya sarêng awêlah | wong dharat abêdhil malih | lir wukir bêtar[537] | nênggih syaraning

--- [f. 82r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 67 dari 93

bêdhil ||

8. dèn awudani mimis lumrah sakêlapa |[538] kang anèng êlaut giris |[539] sapun winangsitan | dene ta gustinira | lah payo sêsêgên wani | bandera ika | kang tulis polèng Bali ||

9. dyan sinêrang dene kang bala akathah | bandera polèng Bali | barise wong Selan | ambêdhil kadya gêlap | pan ora angagya mimis | palwa kang kathah | sampun angrampid baras |[540]|

10. nulya mêntas wadya Loka mri dharatan | nulya angamuk wani | apan wong Ngabêsah | wau kang tinêrajang | ingkang adoh dipun bêdhil | pêrak tinumbak | akathah ingkang mati ||

11. ing payudan syarane lir grêrah kapat | wong Ngabêsah kalindhih | malayu sasrangan | wong Ngabêsah gulasah | malayu karane mati | angusi sigra | barise sri bupati ||

12. sampun katur yèn balane kathah pêjah | bala ing Sela[541] balik | mila kathah pêjah | ingambuk mri wong Selan | sang nata duka tan sipi | angagêm gada | nulya anitih èsthi ||

13. wadyabala winangsulakên sadaya | kalangkung dene wani | apan sri narendra | angawaki priyăngga | wong Selan dèn amuk wani | ulêng-ulêngan | langkung ramening jurit ||

14. katingalan [katingala...]

--- [f. 82v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 68 dari 93

[...n] gandera polèng lumajar | anulya dèn tulungi | anisih kewala | pelayune[542] wong Selan | sangprêng[543] wong Selan anisih | pan katingalan | gurisa ingkang wuri ||

38. Girisa

1. wong Bêsah kabèh wus mara | polahe lir liman mêta | pinêlak dening sang nanata |[544] pangamuke kaya buta | tan ana ngucap wêdia | wong Loka sampun uninga | kalangkung dening prayitna | wong Ngabêsah nandêr sigra ||

2. wong Loka wani prawira | anulya campuh ing yuda | wong Ngabêsah kyèh pralaya | prasamya larut sadaya | tan ana măngga puliha | apan malayoni bala | anunjang ing ratunira | sang nata sampun prayitna ||

3. anglnulya[545] nitih dipăngga | katunjang ing balanira | sang nata miris ing driya | malayu nututi bala | anêdya mapag ing kutha | Lamdahur nututi sigra | sêsumbar acêluk sira | lah paman ayya lumalya ||

4. eman bêrngos sibar[546] jaja | ajurit angadu bala | paman aku antènana | yèn sira padha prawira | yèn wêdi sira pingjunga[547] | sang nata wau miyarsa | Lamdahur akon mandhêga | pinêla[548] kampah dirada ||

5. kalangkung ing ajrihira | apan angrasa ing dosa | milane gêndring

--- [f. 83r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 69 dari 93

kewala | Lamdahur kèndêl saksana | sang nata malêbèng pura | asuwarèng para garwa | lah padha sira dadana | kang mulat brăngta angarang ||

39. Asmaradana

1. wusa prêmbug dadi sawiji |[549] wong Selan lewan[550] wong Loka | wong Selan langkung sukane | dene gustinira lama | ajurit angsal karya | ngrasa enak manahipun | Lamdahur angawe bala ||

2. gêgaman maju anggili | êndi paman Patih Selan | ya tututana lakune | bok migat si paman nata | age sira tutura | nulya nusula lamun rosa paman prabu |[551] janggane sira tigasa ||

3. măngsa anêdyaa bêcik | apan iku uwis utang | lah uwis bubarna age | paman patih dèn aegal | anusula si paman | gêgaman bubar anggêrgut | lampahira gêgancangan ||

4. jaban kutha dèn iridêri |[552] pan sarwi asurak-surak | ya ta wong Ngabêsah age | angusi sajroning kutha | uninga yèn kinêpang | samya kêkês manahipun | datan angrasa yèn gêsang ||

5. sang nata kalangkung watir | anak ingsun Sipulalam | marang ngêndi ta parane | dene tan ana katingal | ki patih matur nêmbah | apisah putra sang prabu | kalawan sabalanira ||

6. kilap gènipun angungsi | sang nata anglês kang manah |

--- [f. 83v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 70 dari 93

saya asurak arame | lor wetan kidul sauran | sampun angrampid kitha | wong Bêsah gègèr lumayu | tan ana angrasa gêsang ||

7. matur ingkang para mantri | patikbra Lamdahur prapta | anggada lawang sakèthèng | malah banonira bubrah | dipun gada sapisan | medah angsala ing bathuk | dene ta cumêplos mana ||

8. sampun angrasa sang aji | kajodhi ing juritira | sang nata alon dêlinge | alah pramèswariningwang | aku bandanên dhawak | gawanêna seba ta ingsun |[553] Lamdahur bok angapura ||

9. yèn angrasa ngong bêciki | asangêt sun anak-anak | lah wong dalêm sarupane | padha saosna sadaya | miwah kang rajabrana | pratandhane ingsun nungkul | lah age sira dadana ||

10. sang nata pan sampun mijil | astane sarwi binada | dèn iringakên wadyane | lan pramèswari sadaya | lan wong sadalêm pura | brana lan bongkonipun |[554] kandhêg jawi paregolan ||

11. gumuruh syaraning tangis | Lamdahur ika tumingal | kang paman anungkul dhewe | Lamdahur maksih katingal | kala jinamon upas | tur

--- [f. 84r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 71 dari 93

ginodhi winayuyung | langkung dènnya amrih pêjah ||

12. tan ngagya atanya malih | kang paman nulya ginada | tinêlasakên kuwate | Lamdahur dènnya anggada | kang paman nulya pêjah | jaji lawan ukumipun | utang pêjah naur pêjah ||

13. kang para garwa ningali | sadaya sami karuna | iya wong sadalêm kabèh | gumuruh kadya ampuhan | Lamdahur angandika | sakyèhe wong dalêm iku | padha lêbokêna pura ||

14. panjang carita winarni | Lamdahur jumênêng tnata[555] | anèng Ngabêsah ngadhaton | solèh tingkahe sang nata | dadya paku nagara | wadya alita ajrih lulut |[556] eca manahe kang wadya ||

15. sigêgên datan winarni | Lamdahur jumênêng nata | wus amukti angadhaton | kocapa ingkang lumaye |[557] Rahadèn Sipulalam | balanipun limang atus | lumayu anujang-nujang[558] ||

16. atas amidhangêt warti | Lamdahur jumênêng nata | apan sampun angêdhaton | wau Radèn Sipulalam | ar angungsi ika |[559] marang Sang Prabu Madayun | dene ratu binathara ||

17. kapapag Sang Jayèngmurti | wau Radèn Sipulalam | nulya tinakonan alon | ngandika Sang Jayènglaga | lah ta wong

--- [f. 84v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 72 dari 93

ngêndi sira | dene têka layu-layu | matur Radyan Sipulalam ||

18. Lamdahur ingkang wêwangi | kalangkung dene digdaya | mila lampah kula age | anêdha tulung kawula | mring ratu binathara | marang nagari Madayun | ngandika Sang Jayènglaga ||

19. lah ya lakuningsun iki | ingutus Raja Nursewan | marang nagara Selane | tibalane Sang Nursewan | anggêcakta[560] ing Selan | Radyan Sipulalam matur | alah mring Madayin têbah ||

20. kula nêndha[561] tulung singgih | ngandika Sang Jayènglaga | iya sanggup sira mangke | amusuh Lamdahur ika | kaya age panggiha | ingkang nama Alamdahur | dene kawarta digdaya ||

21. datan kawarna ing margi | lampahe Sang Jayènglaga | sawadyabalane kabèh | wus prata jawi nêgara | aran Têgal Suhtirta | masanggrahan Jayèngsatru | kalawan sakula warga ||

22. nêngêna Sang Jayèngmurti | Raja Lamdahur kocapa | lagya miyos sang akatongn[562] | pinarak nèng pagêlaran | jêjêl ingkang sewaka | para prajurit gung-agung | lir sagara rob bêlabar ||

23. ngandika sri narapati | lah iya ing benjang enjang | gunung Srêrandil kang kulon | gêmpurprên[563] [gêmpur...]

--- [f. 85r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 73 dari 93

[...prên] sawadyanira | pan ingsun karya kutha | dene bêcik patutipun | wong cilik nora kangelan ||

24. eca ngandika sang aji | kalawan wau ki patya | kagyat ningali wong pepe | sang nata alon ngandika | anulya dèn pariksa | kang pepe waringing kurung | ki patih alon tur sêmbah ||

25. ki patih lampahe gipih | kang apepe pinariksa | sampun prapta ing prênahe | ki patih alon angucap | ki dêmang ana paran | apepe waringing kurung | ki dêmang alon aturnya ||

26. mila pepe kula kyai | inggih ngaturi uninga | wontên parangmuka mangke | dhatêngipu[564] tanpa sangkan | pêparab Jayènglaga | ki patih pan sampun munadur |[565] manahe lir mas kumambang ||

40. Maskumambang

1. ki apatih prata ngarsane sang aji | matur awotsêkar | kang pepe atur udani | yèn tamian parangmuka ||

2. Alamdahur gumujêng bêlik |[566] ratu ngêndi baya | srayane Pulalam iki | ki patih matur manêmbah ||

3. angsalipun nênggih saking ing Madayin | aran Jayènglaga | nêlukakên sakyèh ngaaji |[567] kalangkung dene digdaya ||

4. sawadyane Jayènglaga [Jayèng...]

--- [f. 85v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 74 dari 93

[...laga] sami sêkti | Lamdahur ngandika | hèh patih dèn ngati-ati | amusuh prajurit nyata ||

5. Jayènglaga iku ta suguhên dhingin | kaku awak ingwang | alawan nora ajurit | jaluk urut-urut gada ||

6. alah payo patih bubarna tumuli | yèn nora egala | manawi winastan ajrih | bubar sagung kang sewaka ||

7. wus anitih dirada buntal sang aji | sarya mutêr gada | ingiring para prajurit | gumuruh syaraning bala ||

8. lamun tinon ta kadi prawata sari | Alamdahur prata | munggèng singasana rukmi | prajurit aglar ngayunan ||

9. Jayènglaga kalangkung binojakrami | mring Sang Prabu Selan | pinasalingn sakyèh mantri | wong Arab ngalêm ing driya ||

10. pan gumêdêr balanira Jayèngmurti | sami sukan-sukan | miwah wadya ing Surandil | nulya gamêlan tinêmbang ||

11. sakalangkung urmate Prabu Srêrandil | marang Jayènglaga | datan kawarna ing wêngi | enjinge anêmbang durma ||

41. Durma

1. wus tinêmbang têngarane wong ayuda | kêndhang gong lawan bèri | umyung aasauran [a...]

--- [f. 86r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 75 dari 93

[...asauran] |[568] lawan kriciking watang | wong Arab apan baprêngi | têngara gumrah rah |[569] kêndhang gong lawan bèri ||

2. Sipulalam tan têbih lan Jayènglaga | sabanane nèng wuri | angling Umarmaya | sarwi gumuyu suka | lah kontung sira prajurit | ngong adu sira | sun ayoni lan kapir ||

3. saprêng matur sakèhe para prawira | yèn angsal barkat Amir | sokur dunên aprang | matia lawan kopar | ngulari punapa malih | pêjah sampurna | inggih apêrang sabil ||

4. sami ègèr[570] sakyèhe para prawira | kêdah angajak dhingin | Lamdahur kocapa | sineba nèng têratag | angatag marang prajurit | lah dhinginana | sira mêtongni[571] jurit ||

5. asêsumbar prajurite wong Ngabêsah | sapa kang aprêp mati | wong Arab mêtua | lah papagna manira | Raja Maktal amiyarsi | amit Sang Maktal | marang Sang Jayèngmurti ||

6. Jayènglaga Maktal lah sira majua | ingsun asrah mrih[572] Widi | sigra Maktal nêmbah | ya ta maju nèng rana | Raja Maktal asêsirig | [...] |[573] [...] |[574]|

7. praptèng rana pan sampun ayun-ayunan | wong Ngabêsah sigra ngling | baya sira Ambyah | amêtoni ngayuda | Raja Maktal nauri |[575] ngong dudu Ambyah | abdine Jayèngmurti [Jayèngmur...]

--- [f. 86v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 76 dari 93

[...ti] ||

8. iya aku ingkang aran Raja Maktal | praja ngong Selamiring | kowe iya sapa | wong kopar aranira | sumaur kang sinung angling | ingong Ngabêsah | ingsun Patih Saharsi ||

9. alah mara Maktal sira anggadaa | ingong acipcip-cicip[576] | Raja Maktal ngucap | sira andhinginana | mêngko ingsun amalêsi | iya dena yitna |[577] sambata kang ayogi ||

10. dipun gada Raja Maktal kudanira | Maktal tiba kuwalik | surak wadya kopar | gumêr ambal-ambalan | latah-latah Ki Saharsi | mau ngong warah | mêngkèng[578] sira babarji ||

11. Raja Maktal angadêg tatêkên gada | merangira tan sipi | pan arsa malêsa | arsa pan wus prayitna | payo tibakna tumuli | age gadaa | mêngko ngong cicip-cicip ||

12. dyan pinutêr gadanira Raja Maktal | mubêng kadya sundari | anulya ginada | Ki Harsi kaprawasa | sangêt pamupuhe nênggih | parise waja | prêmak anêmpuh ki apatih |[579]|

13. kapisanan ki patih lan kudanira | wong Arab surak anjringt[580] | rinêbut ing wadya | kunarpane ki patya | Lamdahur angatag malih | prajurit Selan | sigra tur sêmbah anmit[581] ||

14. sampun masah[582]

--- [f. 87r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 77 dari 93

ing rana nitih turăngga | sarya angagêm bidi | Maktal sinusulan | ingundurakên sigra | ginanti mangsah ing jurit | maju ing rana | kang aran Ki Uranggi ||

15. nitih kuda sarya ngagêm pangawinan | prata ngarsa ajurit | sampun ayun-ayunan |[583] angling prajurit Selan | sapa aranmu prajurit | mara numbaka | mêngko ingsun malêsi ||

16. angakua prajurit sapa ranira | iya aku Uranggi | kowên silih sapa | payo andhingingnana[584] | gadaa ingong malêsi | sapa ranira | sumaur kang prajurit ||

17. iya aku ingkang aran Ki Baskara | iya dèn ngèti-ati[585] | ingsun pupuh sira | nulya ginada sigra | sangêt pamupuhe singgih | Uranggi gagah | kakêpapuh dèn sungkêmi |[586]|

18. pan gumuruh surake punggawa kopar | anulya dèn gasongi[587] | pun Uranggi ika | ingkang raka tumingal | kang rayi kasambut jurit | amit anêmbah | marang Sang Jayèngmurti ||

19. nitih kuda Pratama angagêm gada | nandêr maju ing runrit[588] | sampun yun-ayunan | atakon-tinakonan | mara amupuha dhingin | angling Baskara | iya dèn ngati-ati ||

20. dyan pinupuh Bakara[589] datan wantala | sangêt dènira gitik | prêmak

--- [f. 87v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 78 dari 93

paris waja | mubyar kadya guringnda[590] | Baskara niba tan eling | kudane pêjah | surak wong Arab anjrit ||

21. Alamdahur angatak ing wadya Loka | Prakêmpa kang wêwangi | ngagêm pangawinan | sampun ayun-ayunan | Prakêmpa sigra nudingi | iya dèna yitna |[591] tinunbak[592] tan gumingsir ||

22. pun Prakêmpa prayitna angagêm tumbak | anulya dèn larihi | apan nora pasah | datan ginawe rasa | tinumbak tinitir-titir | Prakêmpa ngucap | mara malêsa gênti ||

23. alah payo dèn age sira numbaka | iya ingsun malêsi | Prakêmpa tinumbak | Prakêmpa malêsat |[593] saking turăngga kuwalik | angathang-ngathang | wong Arab surak angnjrit[594] ||

24. Ki Prakêmpa mudur wau ginosongan | Ki Patih Bahram amit | pan maju ing rana | ingidèn mri sang nata | mangsah anitih turanggi | anangtang lawan | sapa kang arêp mati ||

25. sumbar-sumbar iya aku Patih Bahram | andêl-andêl Srêrandil | sapa rêp palastra | papagna tadang[595] ingwang | Raja Kopah nêmbah amit | wus ingidenan | mangsah nitih turanggi ||

26. mangsah ngrana sang nata angagêm turăngga |[596] Bahram nulya ginitik | sangêt pamupuhnya [pamu...]

--- [f. 88r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 79 dari 93

[...puhnya] | syarane kadya gêlap | kuda kaprawasa mati | sang nata tiba | nulya malês anggitik ||

27. dipun gitik Bahram pan nora wêntala | niba saking turanggi | pan sangêt kantaka | wong Arab samya surak | ki patih wus dèn gosongi | sapih kang aprang | yudakênaka wuri ||

42. Pangkur

1. musuh rowang masanggrahan | akasukan wau kalaning wêngi | gamêlan umyang gumuruh | aboga andrawina | giyak-giyak wong Ngabêsah myang gumuruh | sawênga[597] dènnya kasukan | ya ta kawarna enjing |[598]|

2. muni têngaraning yuda | kêndhang bèri syara karprêngèng[599] lèngit[600] | kang bêndha tinabuh ngukung | têtêg kadya butula | musuh rewang miyos nèng payudan sampun | warnanên Sang Jayènglaga | ingiring pra prajurit |[601]|

3. pinarak anèng taratag | kawarnaa Lamdahur mêdal jurit | pinarak têratag agung | mugèng kursi kêncana | pan ingayap prajurit para tumênggung | atebak[602] anèng ing ngarsa | sumêdya ngawaki jurit ||

4. Lamdahur nulya ngandika | tanpa wêkasa prêrang ngadu wong cilik |[603] ingsun dhewe ingkang manggut[604] | musuh la Jayènglaga | Alamdahur niti[605] gajah buntal sampun [sam...]

--- [f. 88v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 80 dari 93

[...pun] | pan sarwi amutêr gada | asumbar-sumbar ngajrihi ||

5. êndi aran Jayènglaga | mêtonana ayya ngadu wong cilik | Raja Baudhêngndha ngrungu | amit mring Jayènglaga | wus ingidèn Raja Baudhêngndha maju | nitih gajah mutêr gada | wus ayun-ayunana jurit |[606]|

6. Sang Dahur sigra ngucap |[607] apa iki kang aran Jayèngmurti | Raja Baudhêndha muwus | aranku Baudhêngndha | iya aku kawulane Jayèngpupuh | ayya takon Jayènglaga | aku dhewe angêmbari ||

7. ing Kohkarib prajaningwang | Alamdahur angling sarya nudingi | lah mara agea mupuh | Umarmadi angucap | iya sira andhinginana amupuh | Alamdahur sigra ngucap | alah iya ta sun dhingin ||

8. ginada Sang Baudhêngndha | paris waja kudhunge Umarmadi | pan sarêng gada tumêmpuh | pan kadya gunungp[608] bêntar | limanira Umarmadi ingkang lampus | brêrangkangan anèm[609] lêmah | wau Raja Umarmadi ||

9. Lamdahur gumuyu ngucap | amalêsa age Raja Marmadi | alya[610] atinggal palayu | Baudhêngndha angucap | lah mudhungna ingsun malês Alamdahur | Sang Raja Lamdahur sigra | mudhung saking [sa...]

--- [f. 89r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 81 dari 93

[...king] ing èsthi |[611]|

10. angagêd[612] amalangkadhak | Umarmadi age amupuh wani | Alamdahur sigra kudhung | sarêng wau ginada | sarêng sangêt dènnya gada parisa rêmuk |[613] urube kadya guringda[614] | dinulu lir litang[615] ngalih ||

11. surake umyung gumrêrah | Alamdahur gumuyu sarya angling | dèn yitna sira sun pupuh | nulya pinupuh sira | pan arame agênti pupuh-pinupuh | pan samya digdayanira | tan ana kasoran jurit ||

12. pan sami asèlèh gada | Alamdahur kalawan Umarmadi | anulya wau agêlut | Sang Raja Baudhêngndha | dipun gêlut dhatêng Raja Alamdahur | anulya jinujung sigra | binanting malah kapesing ||

13. wong kapir surak gumrêrah | Umarmadi pan sampun dèn gasongi | Lamdahur anguwuh-uwuh | Jayènglaga mêtua | pan Wong Menak kalangkung dènnya abêndu | andêling yuda kasoran | nulya têdhak Jayèngmurti ||

14. anitih pun Kalisahak | gada Samadiman sampun pinudhi[616] | Ki Umarmaya ambutut | prata nèng ranagona | Alamdahur asuka-suka gumuyu | baya sira Jayènglaga | warnamu anom apêkik ||

15. sumaur Ki Umarmaya | iya iki kang aran Jayèngmurti [Jayèng...]

--- [f. 89v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 82 dari 93

[...murti] | Lamdahur suka gumuyu | Jayènglaga mupuha | ingsun cicip panggadanira dèn gupuh | Wong Menak micorèng driya | wong Arab samya ningali ||

16. dene agêng luhur sira | panêdhaku kulana ing kami |[617] mara mupuha karuwun | mêngko ngong walês sira | Alamdahur angling de prayitnèng kewuh | asambata ingkang yoga | mati sira ingong gitik ||

17. anulya sira ginada | anêmpuh paris wêsi |[618] asangêt panggadanipun | kadya gêlap angampar | paris waja pinupuh gêninya murub | apan kadya kang dahana | gumuruh suraking kapir ||

18. andhêku pun Kalisahak | Jayènglaga malumpat saking wajik | Lamdahur suka gumuyu | mau sira ngong warah | Jayènglaga mati dening gadanisun | payo age amalêsa | gadamu ingsun tadhahi ||

19. Jayènglaga angandika | Alamdahur iya dèn ngati-ati | sêksana sigra pinupuh | sangêt panggadanira | apan kadya gêlap ngampar ye rinungu | rêmuk ingkang paris waja | dinulu lir udan gêni ||

20. Lamdahur mêngdhaka[619] sakêdhap |[620] angling ing tyas Jayènglaga acilik | panggadanira anêrus | Lamdahur sigra ngucap | Jayènglaga lah payo jujung-jinujung | sêksana asèlèh

--- [f. 90r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 83 dari 93

gada | Alamdahur Jayèngmurti ||

21. anulya candhak-cinadhak[621] | ikêt pinggang Lamdahur andhingini | lah payo jujungên isun | mêngko ngong walê[622] sira | tan arsa ingsun |[623] sira dhingina jujunga | mêngko aku amalêsi ||

22. Lamdahur sigra ngangkat |[624] dipun angka[625] wau Ki Jayèngmurti | Jayènglaga wus kajujung | sigra binating[626] sira | Alamdahur asuka-suka gumuyu | wong kapir surak gumrêrah | sigra Mir wau abanting[627] ||

23. atangi Sang Jayènglaga | iya mêngko ingong malêsi |[628] Lamdahur suka gumuyu | age sira malêsa | dya[629] cinandhak walikate Alamdahur | wong Manak[630] nolih Marmaya | pa[631] wus uninga ing wangsit ||

24. nulya Radyan Umarmaya | kopyahira ingubulakên aglis | wadyabala sampun wêruh | nulya atutup kirna[632] | gajah jaran apan tinutupan sampun | ya ta wau Jayènglaga | anjujung Natèng Sarandil ||

25. dèn ubulakên ing tawang | Alamdahur binanting-banting nèng siti |[633] Amir sigra pêtak asru | kadya gêlap salêksa | Alamdahur saya sangêt nora emut | gajah jara[634] kapalajar | wong kapir niba tan eling ||

26. Marmaya nyandhak makutha | Alamdahur sigra dèn baringdhili |[635] wong Arab surak gumuruh | kasilir samirana | ya ta kagyat atangi Raja Lamdahur | kadi rêmuk awakira | Menak [Me...]

--- [f. 90v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 84 dari 93

[...nak] Jayènglaga angling ||

27. payo Lamdahur malêsa | Alamdahur ngrasa tanbisa pulih | lah wis kalah iya aku | suka sun abdèkêna | Jayènglaga sigra Lamdahur rinangkul | adhuh yayi kadang ingwang | wong anom sun aku adhi ||

43. Sinom

1. langkung sihe Jayènglaga | datêng Sang Prabu Sarandil | Lamdahur wis ujar ingwang | sira ingong aku adhi | tan darbe kadang malih | amung sira kadang ingsun | Alamdahur anêmbah | sangsaya kabyatan ing sih | data[636] sagêd amangsuli ing sih tuwana |[637]|

2. makutha ingkang ingayap | pan wus sinungakên malih | dene Radyan Umarmaya | Lamdahur tan kêna gingsir | dhatêng Sang Jayèngmurti | dene kalah aprang pupuh | têmah ngakên sudarawèdi |[638] ature amêlasisih[639] | dhuh pangeran kula turi dhatêng nagara |[640]|

3. kawula asrah nagara | tan kawasa andarbèni | katura Sang Jayènglaga | angandika Jayèngmurti | tarama[641] ingsun yayi | ingsun arsa wruh prajamu | nulya Ki Umarmaya | wong Arab dèn awe gipih | bubar kabe[642] kang anèng ing pasanggrahan ||

4. nulya sang prabu ing Selan | kondur dhumatêng nagari | anggaprêbêk[643] Jayènglaga | kabe wus padha lumiring | miwah Raja Marmadi | lawan kêmbar patang puluh |

--- [f. 91r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 85 dari 93

wau dhatêng nagara | syarane wadya ngajrihi | suka-suka wong Arab sadalan-dalan ||

5. datan kawarna ing marga | lampahe Sang Jayèngmurti | sampun prata nèng nagara | sabalane Bagendha Mir | kandhêg anèng sitigil | wau Sang Pramodèngpupuh | katuran mri jro pura | Jayènglaga datan apti | wadyabala agêlar anèng paseban ||

6. sira Mir nèng sitibêntar | ingayap para prajurit | Lamdahur tansah nèng ngarsa | bojakramanira nênggih | dhatêng Sang Jayèngmurti | kalangkung sinuhun-suhun | kulawarga sadaya | pasaline ngawan kodhi | sawarnane sêmbagi lan udaraga ||

7. Lamdahur anèng ing ngarsa | ngandika Sang Jayèngmurti | yayi lah sira Sêlama | sarengat Nabi Ibrahim | sakadangira yayi | amawia iman iku | Lamdahur matur nêmbah | sampun kasêdya ing galih | pan kawula pêjaha kalawan iman ||

8. suka tyase Jayènglaga | Marmaya lan Umarmadi | ingkang adarbe bubuhan | nyêlamakên wong sanêgari |[644] Marmadi kang nêtêki | wau dhatêng Alamdahur | kang kinèn asunata | Alamdahur wêdi-wêdi | baya lara kiyai ing wong atêtak ||

9. Marmadi alon angucap | boya

--- [f. 91v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 86 dari 93

lara boya kêdhing | mara ta êndi katokna | mêngko ingong ngirih-irih | Lamdahur sigra angling | kang Marmadi nora patut | Marmadi alon angucap |[645] mara age-age êndi | Alamdahur adangu-dangu pinêksa ||

10. wus winingkis kampuhira | igih puniki kiyai | apan ta awon kewala | latah-latah Umarmadi | karane isin-isin | nora kajamak dhagolmu | Lamdahur milu latah | punika lagya aguling | yèn wungua kiyai dika aniba ||

11. apan ta sami asunat | wus Sêlam wong sanêgari | anandhang iman sadaya | langkung sihe Jayèngmurti | langkung binojakrami | wau dhatêng Alamdahur | mugèng ngarsa atebak | ngandika Sang Jayèngmurti | Alamdahur manira awèh parentah ||

12. arèngnira[646] Sipulalam | mangkua nagara Ngabêsi |[647] kaparengntaha[648] mri sira | iya sira kang lurahi | dene Sêrandil iki | iya dadia kadhatun | lawan nagara Ngloka | apan nora sun lurugi | alah iya kaparentaha mri sira ||

13. tan kawarna lamènira | Jayènglaga nèng Sarandil | tu ing boga drawingna[649] |[650] sawadyane Jayèngmurti | apan ta kalih sasi | lamènira anèng ngriku | wus ambapa ambiyang |

--- [f. 92r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 87 dari 93

Lamdahur mri Jayèngmurti | sakalangkung urmate mri Jayènglaga ||

14. ngandika Sang Jayènglaga | wau dhatêng kyèh narpati | pan kabèh manira gawa | iya marang Pusrêbumi | padha ngiringa mami | lampah ingsun besuk esuk | mulih marang ing Mêkah | nèng kene pan sampun lami | atur sêmbah sakèhe para narendra ||

15. nulya bubar Jayènglaga | saking nagari Srêrandil | ginarêbêga para nata |[651] sadaya sami angiring | lampahira lumaris | syarane wadya gumuruh | pratèng jawining kitha | lampahe Sang Jayèngmurti | mugèng ngarsa wadya kêmbar kawan dasa ||

16. datan angambah laotan | adharat dannya[652] lumaris | sakèhe kang urut marga | asuguh mring Jayèngmurti | nungkul sakyèh nrêpati | tur bongkokan sarta suguh | Alamdahur anêmbah | matur dhatêng Jayèngmurti | dawêg layar pangeran mêdal laotan ||

17. punika wontên nêgara | aran nagara ing Mêsir | suwawi sami ngampiran | punika nrêrendra sêkti | apan digdayèng jurit | wadya prawirèng têngguh[653] |[654] langkung dene prayogya | adarbe prutri[655] kêkalih | alah dawêg pangeran sami ngampiran ||

18. apan ta Sang Jayènglaga [Jayèng...]

--- [f. 92v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 88 dari 93

[...laga] | pan lagya brăngta ing jurit | yèn mirsa ratu digdaya | manahe langkung kumitir | kaya nulia panggih | pinêlak ing lampahipun | kawarta yèn prawira | ingkang nama Prabu Mêsir | ing laotan sampun sinungan baita ||

19. langkung asri tiningalan | palwa kang anèng jaladri | a ingkang layar sutra |[656] sawênèh layar manjêthi | wênèh layar sêmbagi | ana ingkang sutra biru | wênèh ingkang pathola | kang layar bêbêr angrawit | Jayènglaga layara[657] sangkêlat abang ||

20. samya alayar manêngah | kang palwa dinulu asri | lir pendah yangyanging surat | lampahe sampun lumaris | lir kadya kilat thathit | apan angsal angin timur | laku dharat sacăndra | linayaran têlung bêngi | Jayènglaga anumpak dhadhang ing layar ||

44. Dhandhanggula

1. ênêngêna wau kang lumaris | Jayènglaga lan sabalanira | wontêg[658] gênti winiraos |[659] nênggih wau sang prabu | Natèng Mêsir nênggih sang aji | ratu gagah prakosa | akyèh ratu nungkul | asrah bulupêtinira | Prabu Mêsir kalangkung digdaya sêkti | sabrang tanpa sisihan ||

2. kacarita sang prabu ing Mêsir | be putra kêkalih wanodya |[660] sami ayu ing warnane [war...]

--- [f. 93r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 89 dari 93

[...nane] | namane ingkang sêpuh | apêparab cêcana adi | aran Sêkarkadhatyan | ayune pinujul | kuninge amedha wulan | singa dulu wau samya lênglêng brangti | dhatêng kusuma rara ||

3. apan lagya amêpêk birai | pan angênting wau ing sasolahira |[661] asung brăngta sapolahe | tuhu guruning ayu | datan ana kang dèn waoni | sabarang polahira | angibuhi ayu | prakatine rong gotongan | sarirane kadya kêncana sinangling | tingal padam kanginan ||

4. dene ingkang rayi rêtnaning puri |[662] apan sami citrane angraras | Saribanun kêkasihe | wayahira sang ayu | lagi ngajêngakên birai | lagya birai kêmbang | Ni Sajarahbanun | bêjane kang duwe krama | putri kalih tur ta putraning sang aji | pan wus kinudang-kudang ||

5. pangudange kang rama sang aji | putraningsun lamun sira akrama |[663] olèha wong kang bancèr |[664] ingkang prajurit luhung | kang kèringan ing nusya bumi | yèn tan olèh mangkana | ngur parawan sêpuh | marmane kusuma rara | datan krama tan ana wani ngraosi | kêkudangane kang rama |[665]|

6. kawarnaa sang prabu ing Mêsir | apan miyos wau sinewaka | pêpêk satandhamantrine | pinarak sitiluhur | pan ingayap [ingaya...]

--- [f. 93v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 90 dari 93

[...p] para pawèstri | lênggah nèng kathil dêta[666] | pinatik mas murub | ingayap para biyada | kadya Krêsna wau ta Sang Nata Mêsir | warnane yèn sinawang ||

7. kyai patih sampun dèn tibali | sa datan suwe prata ing ngajêngan |[667] ki patih tur sêmbahe |[668] linggihira ambungkuk | angandika Sang Prabu Mêsir | patih ngong mirsa warta | iya wartanapun[669] | lamun ana parangmuka | pan akarsa angugahi marang mami | prajurit kinawasa ||

8. apan iku duta ing Madayin | apamarab[670] Jayèngsatru Ngarab | tur anom pilih bobote | baya ta êmèh rawuh | Jayènglaga nêgara Mêsir | ki patih matur nêmbah | dhumatêng sang prabu | yèn mangkotên ingkang warta | nanging mangke kandhêg ujung prawata di | inggih Sang Jayènglaga ||

9. yèn mangkono dhinginana patih | asuguha prajurit ing Mêkah | tuwukana sabalane | sarta pisalinipun | yèn wis sêgrê prajurit Amir | sêdhêng ingong papaga | nora ginaguyu | karêpe kuwat sadaya | sapungkurmu ingsun lumapah nèng wuri | manggihi Jayènglaga ||

10. alah uwis lumakua patih | kyai patih mudur saking ngarsa | prapta pagêlaran age |

--- [f. 94r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 91 dari 93

Sang Raja Mêsir kodur | angadhaton sri narapati | ya ta ing pagêlaran | gumêdêr gumuruh | ingkang anyaosi sêgah | kêbo sapi brêras pirang-pirang kampil | kalawan bèbèk ayam ||

11. sampun pêpak ki patih lumaris | para mantri lumampah nèng ngarsa | ngiringakên gêgawane | syaranira gumuruh | tan kawarna ingkang lumaris | kocapa Jayènglaga | mêntas saking laut | sawadyanira gumrêrah | Jayènglaga sabalane angidrêri | anèng ing taru tawang ||

12. kyai patih apan sampun prapti | pamondhokanira Sang Jayènglaga |[671] nulya pinanggihan age | dene Sang Jayèngkewuh | sampun tata sami alinggih | anèng tarataga rambat |[672] ki patih umatur | punika ingkang pasêgah | rama tuwan anênggih Sang Prabu Mêsir | katura mri panduka ||

13. têdhanipun ingkang wadya alit | benjing enjing inggih rama tuwan | anêdya kapanggih dhewe | angling Sang Jayèngkewuh | lah matura mring rama aji | manira tăngmpa[673] sêgah | dene sang aprabu | bèjèng[674] manira tămpa |[675] lamun têka pasihane rama aji | dika bakta wangsula ||

14. ki apatih nulya wangsul aglis | babêktane pa[676] wangsul sadaya | sampun bubar sawadyane | suguh binêkta wangsul |

--- [f. 94v] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 92 dari 93

samya gita ingkang ningali | dene Wong Menak wikan | pinaringan sêmu | mangkye malês masang cipta | kawarnaa wuu[677] ta Sang Prabu Mêsir | wus miyos saking pura ||

15. pan angage kapraboning jurit | dene arsa amapag ing mêsah | pinarak pagêlarane | sagung kang para ratu | miwah mantri para prajurit | wus ingagêman gada | ngajrihi dinulu | dinulu lir kadya yêksa | sarupane wadya punggawa ing Mêsir | angnung-anung[678] prawira ||

16. kyai patih sêmone[679] wus prapti | pan amiyaka sakyèh mantri seba |[680] têbih ki patih ingawe | prata ngarsa sang prabu | kyana patih matur ngabêkti | kula ngutus sang nata | ngaturakên suguh | Jayènglaga botên karsa | lamun dèrèngn[681] kapanggih dhatêng sang aji | sang nata angandika ||

17. pira gênge ta Si Jayèngmurti | lawan tuwane ta kaya sapa | lawan pira prajurite | kyana patih umatur | Jayènglaga anom apêkik | prajurite tan kathah | dhomas cacahipun | nanging ta sami prawira | anung-anung dinulu langkung ngajrihi | balane Jayènglaga ||

18. nulya bubar sang prabu ing Mêsir | saking pagêplaran[682] nitih liman | ginarêbêg prajurite | miwah kang para ratu | anggarêbêg sêdaya sami | lir wana kawêlagar [kawêla...]

--- [f. 95r] ---

Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44): Citra 93 dari 93

[...gar] | syarane gumuruh | bubar saking jroning kutha | syaraning wong lir pedah sela blêkithi | lawan kriciking wastra ||

19. kawarnaa sang prabu ing Mêsir | lampahira prapta ing barisan | wus amapag sabalane | saparnah tan kaliru | pan atata sakèh prajurit | sang nata masanggrahan | yyang arka sumunu | kagêntyan padhanging căndra | sri narendra ing Mêsir mêpak prajurit | sami boga drawina ||

20. Jayènglaga srigra aninbangi | para ratu pinêpêk sadaya | miwah prajurite kabèh | sêmana sampun kumpul | kang gamêlan tinêmbang muni | larih arak wêragang | sagung para ratu | sênggakipun atibalan | tan kawarna ing dalu baskara mijil | sigra anêmbang durma ||

 


Kurang dua suku kata: sigra-sigra wau lampahira. (kembali)
sarêbète. (kembali)
Lebih satu suku kata: punika katura anggèr. (kembali)
botên (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: Jayènglaga mèsêm angandika aris. (kembali)
ecaa. (kembali)
êmban. (kembali)
tamba (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: kaya-kaya anubruka. (kembali)
10 kasêngsêm. (kembali)
11 antara. (kembali)
12 manjing. (kembali)
13 sigêgên (dan di tempat lain). (kembali)
14 kang. (kembali)
15 Bêstak. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: pan adarbe putra kalih jalu èstri. (kembali)
17 Baktiyar. (kembali)
18 amêpêg. (kembali)
19 sarêntêg. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: srêntêg pangawak dara. (kembali)
21 wangi. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: nèng madyaning wangunan. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: anglir yangyanging tilam. (kembali)
24 ngêndi. (kembali)
25 prawirèng. (kembali)
26 biyang. (kembali)
27 Lebih dua suku kata: dangu gujêngan murtining sari. (kembali)
28 êmban (dan di tempat lain). (kembali)
29 Lebih satu suku kata: ingkang aran Umarmaya. (kembali)
30 anèng (dan di tempat lain). (kembali)
31 rêbab. (kembali)
32 maling. (kembali)
33 sêsirêpe (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
34 Kurang dua suku kata: lagya angura-ura. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: gêdhêg-gêdhêg gajah leyak tabong Bali. (kembali)
36 ongklok-ongklok. (kembali)
37 mlêbu. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: dipun longsar koncane narampad siti. (kembali)
39 Kata ini kurang jelas. (kembali)
40 Kurang dua suku kata. (kembali)
41 Lebih satu suku kata: wus kinandhut wau kopyahira. (kembali)
42 jumênêng. (kembali)
43 abagus. (kembali)
44 ayu. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: ing tutuke Sang Dèwi Bêstari. (kembali)
46 Lebih satu suku kata: dene bèncèr sun sawang. (kembali)
47 lumèngsèr (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
48 pinêjahan. (kembali)
49 Lebih satu suku kata: palorodan sang dyah sarwi angling. (kembali)
50 tutut. (kembali)
51 ngadhaton. (kembali)
52 jumantên. (kembali)
53 ginunturan. (kembali)
54 sajroning, (kembali)
55 manising. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: gih kawula wong ing Pusrêbumi. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: têka kawula wau. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: pêngajape ing tawang. (kembali)
59 ngungkuli (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
60 ingrarêpa. (kembali)
61 binadhe. (kembali)
62 Kurang satu suku kata: Umarmaya mèsêm anauri. (kembali)
63 anjublêg. (kembali)
64 lêgêndèr. (kembali)
65 brongti. (kembali)
66 Lebih satu suku kata: asasêtyan sang brăngta lawan sang brangti. (kembali)
67 karon. (kembali)
68 karêsmi. (kembali)
69 dalêm (dan di tempat lain). (kembali)
70 Kurang satu suku kata: wong dalêm datan ana uninga. (kembali)
71 wuyung. (kembali)
72 mêdhak. (kembali)
73 Ni. (kembali)
74 Lebih satu suku kata: Ni Bêstari langkung dènira prihatin. (kembali)
75 botên. (kembali)
76 tumungkul (dan di tempat lain). (kembali)
77 dhatêng. (kembali)
78 Lebih satu suku kata: kêdah milu bêbunglonan. (kembali)
79 Kurang satu suku kata: jêtung pitêkur kewala. (kembali)
80 kapengin. (kembali)
81 kapengin. (kembali)
82 răndha. (kembali)
83 ontung. (kembali)
84 Lebih satu suku kata: lawan Ki Baudhêndha. (kembali)
85 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu e/o: anèng omahe biyange. (kembali)
86 Kurang satu suku kata: nora kêlar kinawayuh. (kembali)
87 Dhobras (dan di tempat lain). (kembali)
88 pambayun (dan di tempat lain). (kembali)
89 ngontore. (kembali)
90 gonjol. (kembali)
91 têtanggane. (kembali)
92 ucap. (kembali)
93 Lebih satu suku kata: garobyag ambukak lawang. (kembali)
94 Lebih satu suku kata: kiyai pundi kang wisma. (kembali)
95 sintên. (kembali)
96 Ki (dan di tempat lain). (kembali)
97 amarêgana. (kembali)
98 Lebih dua suku kata: Ni Dhobras têka anyakar. (kembali)
99 Lebih satu suku kata: angucap api rudetya. (kembali)
100 Biasanya guru lagu a: uwong uwong pan iya. (kembali)
101 Lebih satu suku kata: saksana banjur angrangkul. (kembali)
102 Ka cêrêk. (kembali)
103 paprêman. (kembali)
104 srênggara (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
105 anyêngkah. (kembali)
106 palonco. (kembali)
107 minggah. (kembali)
108 lagya. (kembali)
109 Lebih satu suku kata: swaranya ting garobyag. (kembali)
110 Ki. (kembali)
111 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu e/o: lah rahadèn dawêg mulèh. (kembali)
112 têmên. (kembali)
113 Lebih satu suku kata: Marmadi ngalêm landhêpan. (kembali)
114 Lebih satu gatra: tampaknya gatra ke-5 (7a) memilik dua versi: Marmadi lan Marmaya | Marmadi latah-latah. (kembali)
115 kawarna. (kembali)
116 pasanggrahane. (kembali)
117 pinoyokan. (kembali)
118 kongsi. (kembali)
119 agunêm. (kembali)
120 Kurang empat suku kata: kekalihnya amuwus wacana arum. (kembali)
121 dika. (kembali)
122 Kurang satu gatra: gatra ke-1 (8a). (kembali)
123 karêksa (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
124 Lebih satu suku kata: Umarmaya bêlik dènira angling. (kembali)
125 ingkang. (kembali)
126 alêrês. (kembali)
127 dawêg. (kembali)
128 Lebih satu suku kata: tan uninga ulun lêbur. (kembali)
129 Lebih satu suku kata: Jayènglaga angling nêtêpakên nêpsu. (kembali)
130 rêmbug (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
131 Kurang tiga suku kata, dan biasanya guru lagu i: pêpêk sagunging tinangkil. (kembali)
132 Kurang satu suku kata: kawula lêlinggihan. (kembali)
133 Lebih satu suku kata: Jayènglaga anangkil sabalanipun. (kembali)
134 anganggya (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
135 nglolosi. (kembali)
136 Kurang satu suku kata: pan angrasa wau ing sêmayanipun. (kembali)
137 anggêntèni. (kembali)
138 Lebih satu suku kata: sakalangkung sih ingsun ing sirèki. (kembali)
139 rahina. (kembali)
140 èstu (dan di tempat lain). (kembali)
141 anjuru. (kembali)
142 Lebih satu suku kata: kadipundi sang aprabu. (kembali)
143 nuntên. (kembali)
144 anak. (kembali)
145 sak. (kembali)
146 Lebih satu suku kata: èstu sira dadi pakuning bumi. (kembali)
147 bêbêgên. (kembali)
148 Lebih satu suku kata: sakèh dalan rapohona. (kembali)
149 Jêmbul. (kembali)
150 bojoningwang. (kembali)
151 Pramodèngwèsthi. (kembali)
152 kabèh. (kembali)
153 Lebih satu suku kata: Umarmaya pan alon saure. (kembali)
154 Lebih satu suku kata: lah dawêg dèn aglis. (kembali)
155 dyan. (kembali)
156 ajine. (kembali)
157 Kurang satu suku kata: ni êmban anulya awotsari. (kembali)
158 sinjange. (kembali)
159 panunggul. (kembali)
160 mancorong. (kembali)
161 pinondhong. (kembali)
162 êmban. (kembali)
163 rêmpon. (kembali)
164 manggung. (kembali)
165 Lebih satu suku kata: apan rêmpon dènnya manggung liring. (kembali)
166 malorod. (kembali)
167 karsane. (kembali)
168 kapibrangta. (kembali)
169 Lebih satu suku kata: alise tuwêkên ingkang lungid. (kembali)
170 yèn (dan di tempat lain). (kembali)
171 won. (kembali)
172 prajangjeyan. (kembali)
173 sinauran. (kembali)
174 gêntha. (kembali)
175 anjaluk. (kembali)
176 andon. (kembali)
177 gantèn. (kembali)
178 sinjang (dan di tempat lain). (kembali)
179 ewuhaya. (kembali)
180 dipun. (kembali)
181 marêk. (kembali)
182 mudhun. (kembali)
183 êmbanan. (kembali)
184 sumungkêm. (kembali)
185 kadya. (kembali)
186 kapêpungkur (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
187 Lebih satu suku kata: kapungkur ngadêg malih. (kembali)
188 Lebih satu suku kata: dandan sênjata. (kembali)
189 Lebih dua suku kata, dan biasanya guru lagu a: sampun rêmbag wau sakèhe kang wadya. (kembali)
190 Lebih satu suku kata: kêkapalan sawidak. (kembali)
191 Biasanya guru lagu i: ajurit. (kembali)
192 Kurang satu suku kata: sagêgamannya. (kembali)
193 samya. (kembali)
194 Lebih satu suku kata: lampahe sigra-sigra. (kembali)
195 anasak-nasak. (kembali)
196 Lebih satu suku kata: ayya tutug pamrihe Raja Nursewan. (kembali)
197 Kurang satu suku kata: Jayènglaga dawêg bali. (kembali)
198 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: sakyèh rapoh dèn buwang. (kembali)
199 rêmak. (kembali)
200 Lebih satu suku kata: Marjabah Kistaham. (kembali)
201 obongi. (kembali)
202 Kurang satu suku kata: apan pirang pandêlêngan. (kembali)
203 Lebih satu suku kata: tan ana baita kèksi. (kembali)
204 Kurang satu suku kata: wong karugêtan anênggih. (kembali)
205 ngumpêtkên. (kembali)
206 anusup. (kembali)
207 anulya (dan di tempat lain). (kembali)
208 Biasanya guru lagu i: iki. (kembali)
209 Lebih satu suku kata: nulya surak palwa linêbokkên toya. (kembali)
210 ngarsanira. (kembali)
211 Kurang satu suku kata: palwa ingkang arêmak. (kembali)
212 angucap. (kembali)
213 sajroning. (kembali)
214 pinundhuta (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
215 Lebih satu suku kata: pinundhuta kawula dhatêng sumăngga. (kembali)
216 mandhegani. (kembali)
217 malim. (kembali)
218 silêm. (kembali)
219 kadya. (kembali)
220 Kata ini kurang jelas. (kembali)
221 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu i. (kembali)
222 Kurang satu suku kata: adoh êlor lawan kidul. (kembali)
223 Lebih satu suku kata: adoh kulon lan wetan. (kembali)
224 Lebih satu suku kata: sadaya kasongan sangu. (kembali)
225 Lebih satu suku kata: Jayènglaga lawan Radèn Umarmaya. (kembali)
226 Lebih satu suku kata: suwung mamring tan ana kang katingalan. (kembali)
227 Lebih satu suku kata: pan samya lèrèn alungguh. (kembali)
228 Lebih satu suku kata: baya ana setan bêlis. (kembali)
229 lungguh. (kembali)
230 githok. (kembali)
231 mojar. (kembali)
232 Lebih satu suku kata: Juwalpayal latah-latah. (kembali)
233 Kurang satu suku kata: awake alêmu-lêmu. (kembali)
234 tinetesan. (kembali)
235 Lebih lima suku kata: ilu mubyar ting pancurat yèn dinulu. (kembali)
236 Kurang satu suku kata: sajêging ingsun dumêlah. (kembali)
237 Lebih satu suku kata: sun tan ana de ta awarni jalmi. (kembali)
238 Kurang satu suku kata: iki janma manusa. (kembali)
239 sun (dan di tempat lain). (kembali)
240 katrima. (kembali)
241 ginjal-ginjal. (kembali)
242 antu (dan di tempat lain). (kembali)
243 tinemplokan. (kembali)
244 Baudhêngdha. (kembali)
245 tumèmpèl. (kembali)
246 Kurang satu suku kata: nora wurung ingsun sêsêpi gêtihmu. (kembali)
247 Kurang satu suku kata: hèh kowe iki ta sapa. (kembali)
248 Lebih satu suku kata: apa êjim dhêmit miwah mamêdi. (kembali)
249 Kurang satu suku kata: hèh matia ingsun sêsêpe gêtihmu. (kembali)
250 Kurang satu suku kata: Umarmaya gya angucap. (kembali)
251 antu (dan di tempat lain). (kembali)
252 Kurang satu suku kata: Umarmaya olèh akal. (kembali)
253 sambate (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
254 mèmpêr. (kembali)
255 Lebih satu suku kata: rupanipun nora mèmpêr ra mirib. (kembali)
256 Lebih satu suku kata: layak sadulurmu iki. (kembali)
257 Sebaiknya: cêmplungêna sun ing sumur. (kembali)
258 Kurang dua suku kata: Umarmaya ngucap lah dêlêngên iku. (kembali)
259 ginêbyurakên. (kembali)
260 dadya. (kembali)
261 Lebih tiga suku kata: antu walulang nyakiti. (kembali)
262 Kurang satu gatra: gatra ke-1 (8a). (kembali)
263 Kurang satu gatra: gatra ke-2 (11i). (kembali)
264 dhêngên. (kembali)
265 abêbayani. (kembali)
266 Kurang satu suku kata: dene antu ingkang ana. (kembali)
267 Kurang empat suku kata. (kembali)
268 wontên (dan di tempat lain). (kembali)
269 kungkulan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
270 dhandhanggêndhis. (kembali)
271 Lebih satu suku kata: winastanan pulo ing Sarandil. (kembali)
272 kilèn. (kembali)
273 gunung. (kembali)
274 Srandil. (kembali)
275 anèng. (kembali)
276 Kurang satu suku kata: anulya labuh jangkar tumuli. (kembali)
277 Kurang empat suku kata. (kembali)
278 Biasanya guru lagu a: tênggak. (kembali)
279 jinajah. (kembali)
280 Lebih satu suku kata: suruping arka gumantya wêngi. (kembali)
281 kandhêk. (kembali)
282 sadêdêlan. (kembali)
283 Kurang satu suku kata: ngong jajale sadêdêlan. (kembali)
284 Lebih satu suku kata: Jayènglaga angling ngong kari ing ngriki. (kembali)
285 intên. (kembali)
286 Kurang satu suku kata: akèh-akèh ing warnane. (kembali)
287 ginunturakên. (kembali)
288 Lebih satu suku kata: ginunturakên ngandhap. (kembali)
289 Istigpar. (kembali)
290 Kurang satu suku kata: dene kawula sakêdhap lali. (kembali)
291 karanjingan. (kembali)
292 Lebih satu suku kata: pan akathah panlangsane. (kembali)
293 Lebih satu suku kata: sinung syara ing Yyang Sukma. (kembali)
294 binubut. (kembali)
295 arêmpit. (kembali)
296 Jayènglaga (dan di tempat lain). (kembali)
297 Lebih satu suku kata: bakdane salat sampun. (kembali)
298 Lebih satu suku kata: ewuh dadia gampange. (kembali)
299 gampangêna. (kembali)
300 Yyang (dan di tempat lain). (kembali)
301 Lebih satu suku kata: besuk yèn wis padhang tingalira. (kembali)
302 unggahona (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
303 Lebih satu suku kata: sampun tatas rahina. (kembali)
304 Lebih satu suku kata: pan anyêrod lampahira sangking wukir. (kembali)
305 Lebih satu suku kata: pagunêman pan sarya lumaris. (kembali)
306 Kurang dua suku kata: olèh wangsit akalawan ora. (kembali)
307 sira. (kembali)
308 Kurang satu suku kata: sira maring Yyang Agung. (kembali)
309 Jayènglaga. (kembali)
310 Lebih tiga suku kata: Jayènglaga ing palya pan sampun prapti. (kembali)
311 Lebih satu suku kata: duk tinilar Alamdahur maksih alit. (kembali)
312 têtinggalanira. (kembali)
313 Abêsah. (kembali)
314 Kurang satu suku kata: uwong Abêsah sadaya. (kembali)
315 Lebih satu suku kata: blêngah-blêngah pan agêng ainggil. (kembali)
316 angling. (kembali)
317 aglis. (kembali)
318 sinurak. (kembali)
319 akèh. (kembali)
320 Biasanya guru lagu e(o): akèh. (kembali)
321 kalingsêman. (kembali)
322 Lebih satu suku kata: dèn surak dene wong kathah. (kembali)
323 Kurang dua suku kata. (kembali)
324 Kurang empat suku kata, dan biasanya guru lagu e(o). (kembali)
325 Lebih satu suku kata: Lamdahur bungah kêpati. (kembali)
326 minggata. (kembali)
327 Lebih satu suku kata: angkuh sawênang-wênang. (kembali)
328 Lebih satu suku kata: dèn uculkên ora eling. (kembali)
329 surak-surak. (kembali)
330 Kurang satu suku kata: binêkta mring êmbanipun. (kembali)
331 mantuk. (kembali)
332 pinangku. (kembali)
333 gumêdêr (dan di tempat lain). (kembali)
334 êmban (dan di tempat lain). (kembali)
335 kinunjara (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
336 dukane. (kembali)
337 rêbat. (kembali)
338 ingumbenan. (kembali)
339 sungsum. (kembali)
340 Kurang satu suku kata: saya dadi ginêgala. (kembali)
341 Lebih satu suku kata: kang kinèn ambêta sampun. (kembali)
342 andhèr (dan di tempat lain). (kembali)
343 sagung. (kembali)
344 bindine (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
345 năngga. (kembali)
346 Lebih dua suku kata: yèn nora năngga bindine. (kembali)
347 Lebih satu suku kata: utusan saking Abêsah. (kembali)
348 Lebih tiga suku kata: kawan dasa ingkang prapti. (kembali)
349 paduka. (kembali)
350 anguntapêna. (kembali)
351 Lebih satu suku kata: anguntapna ing pêjahe. (kembali)
352 Sipulalam. (kembali)
353 linêbokakên. (kembali)
354 amundur. (kembali)
355 Lebih dua suku kata, dan biasanya guru lagu u: utusan nêmbah mit nuwun. (kembali)
356 lèngsèr. (kembali)
357 Lebih satu suku kata: pakanana upas akèh. (kembali)
358 bêcik. (kembali)
359 ototipun. (kembali)
360 bêbalunge. (kembali)
361 kumambang. (kembali)
362 Kurang dua suku kata: ya ta kawarnaa sang raja pinutri. (kembali)
363 Kurang satu suku kata: putrane sang nata. (kembali)
364 Lebih satu suku kata: aran Rêtna Usulbiyah. (kembali)
365 wong. (kembali)
366 amendha (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
367 jongkarangin. (kembali)
368 Lebih dua suku kata: lalok danar-danar. (kembali)
369 asung. (kembali)
370 andhan-andhan. (kembali)
371 Lebih satu suku kata: kèh satriya kaprawasa. (kembali)
372 amandi. (kembali)
373 Kurang dua suku kata: Ni Mêdharsih atêtanya maring bibi. (kembali)
374 gita-gita. (kembali)
375 janma. (kembali)
376 Kurang satu suku kata dan biasanya guru lagu a: mawur layoning puspita. (kembali)
377 êmban. (kembali)
378 uning. (kembali)
379 Lebih satu suku kata: Lamdahur pan nora uning. (kembali)
380 banjutêna (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
381 Lebih satu suku kata: ya bêthara banjutên larutên kami. (kembali)
382 godhi (dan di tempat lain). (kembali)
383 Kurang satu suku kata: sang dyah ayu manahe anglir dèn iris. (kembali)
384 mindêla. (kembali)
385 nguntapêna. (kembali)
386 Kurang tiga suku kata: Ki Lamdahur angucap barik anangis (kembali)
387 nandhang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
388 iki. (kembali)
389 jangjine (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
390 bindi (dan di tempat lain). (kembali)
391 Alamdahur. (kembali)
392 gendholi. (kembali)
393 Lebih dua suku kata: Dyan Lamdahur sigra muwus aris. (kembali)
394 nglosod. (kembali)
395 Lebih satu suku kata: sang dyah ayu ngalosod ing siti. (kembali)
396 kapênêdane. (kembali)
397 miskin. (kembali)
398 Kurang satu gatra: gatra ke-5 (6i). (kembali)
399 kadhaton (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
400 gusti. (kembali)
401 Lebih satu suku kata: nulya lumampah marang jro puri. (kembali)
402 Lebih satu suku kata: arsa tumurun tan dèn sukani. (kembali)
403 prajurit. (kembali)
404 Kurang satu suku kata: tan kawarna lampahe nèng margi. (kembali)
405 kaputrèn. (kembali)
406 maderêtna. (kembali)
407 padam. (kembali)
408 Lebih satu suku kata: katarangan ing padam alise. (kembali)
409 Kurang satu suku kata: pan mêngkana tyase sang aputri. (kembali)
410 rêmên. (kembali)
411 Lebih satu suku kata: lamun datan rêmên ing mantune. (kembali)
412 Rahadèn. (kembali)
413 Lamdahur. (kembali)
414 jinêbadan. (kembali)
415 amrik. (kembali)
416 Kurang dua suku kata: akêkampuh pan gadhung rinukmi. (kembali)
417 rinenda. (kembali)
418 Lebih satu suku kata: pan rinenda bengkok paningsête. (kembali)
419 Lebih satu suku kata: asasotya murub. (kembali)
420 Kurang satu suku kata: cêpaka mulya ingkang dhapure. (kembali)
421 Kurang satu suku kata: kasêmêkane jingga tinêpi. (kembali)
422 mangungkung (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
423 mêdharakên. (kembali)
424 ganda. (kembali)
425 Kurang satu suku kata: ingkang sawang kêncana rinujit. (kembali)
426 Biasanya guru lagu o: paturon. (kembali)
427 yangyang. (kembali)
428 ngaras. (kembali)
429 amanis. (kembali)
430 têmên. (kembali)
431 intêning. (kembali)
432 pun (dan di tempat lain). (kembali)
433 cintaka. (kembali)
434 Lebih satu suku kata: ingkang garwa lon sinarèkake . (kembali)
435 bêbandane. (kembali)
436 Kurang dua suku kata: kawarnaa wau pun êmban Wilada. (kembali)
437 Lebih satu suku kata: amba tur uninga. (kembali)
438 Kurang satu suku kata: botên kenging apisaha sanalika. (kembali)
439 Lebih satu suku kata: sabuk wus dèn kêncêngi. (kembali)
440 gègèr. (kembali)
441 payo. (kembali)
442 Biasanya guru lagu i: aglis. (kembali)
443 Lebih satu suku kata: gêngipun kalintang. (kembali)
444 Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: dhuwuripun kaliwat. (kembali)
445 êbyukên. (kembali)
446 Biasanya guru lagu i: agendholi. (kembali)
447 Lebih satu suku kata: mring wadya Ngastina. (kembali)
448 jinambak-jambak. (kembali)
449 Lebih satu suku kata: pan kinipat ing wau ing asta kiwa. (kembali)
450 galinting. (kembali)
451 mati. (kembali)
452 Lebih satu suku kata: papênthung lawan suligi. (kembali)
453 Lebih satu suku kata: lir robing sagra. (kembali)
454 Lebih satu suku kata: ana kang anumbak. (kembali)
455 asta. (kembali)
456 pinupuh. (kembali)
457 Lebih satu suku kata: Alamdahur apanggah. (kembali)
458 Kurang satu gatra: gatra ke-4 (7a). (kembali)
459 Lebih satu suku kata: dhatêng putra Sarandil. (kembali)
460 Kurang satu suku kata: sun bèthètane tumuli. (kembali)
461 rêkyana. (kembali)
462 Kurang tiga suku kata: apan kabèh sira tampik. (kembali)
463 mendah (dan di tempat lain). (kembali)
464 atakut. (kembali)
465 durjana. (kembali)
466 gagêtun. (kembali)
467 Lebih satu suku kata: jodho ku kikining pêsthi. (kembali)
468 suminggah. (kembali)
469 antara. (kembali)
470 Kurang satu suku kata: dipun agung pangaksama. (kembali)
471 Lebih satu suku kata: manira amêgawan. (kembali)
472 trêsna. (kembali)
473 Lebih satu suku kata: Alamdahur sangsaya kabyatan trêsna. (kembali)
474 Lebih satu suku kata: têtilare pun rama nagri ing Selan. (kembali)
475 Lebih satu gatra: gatra ke-5 ditulis dua kali. (kembali)
476 Lebih satu suku kata: kawula nuhun sang aji. (kembali)
477 Lebih satu suku kata: kang wawrat sèwu dhacin. (kembali)
478 Kurang dua suku kata: anjabêla Selan dhumatêng pun paman (kembali)
479 Kurang satu suku kata: ingong angundhange wadya. (kembali)
480 Lebih satu suku kata: kang wawrat sèwu dhacin. (kembali)
481 sarimbit. (kembali)
482 Lebih satu suku kata: wus praptèng ing dalêm puri. (kembali)
483 Lebih satu suku kata: sapraptanira pura. (kembali)
484 samya. (kembali)
485 Kurang satu suku kata: sang putra lawan sang putri. (kembali)
486 sinawang-sawang. (kembali)
487 Lebih satu suku kata: ginunturan ing rarêpi. (kembali)
488 pinondhong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
489 Kurang satu suku kata: palorodan sêmune anjaluk kudang. (kembali)
490 munggèng. (kembali)
491 dyah. (kembali)
492 Lebih satu suku kata: sang kakung nêkakkên kapti. (kembali)
493 Lebih satu suku kata: kang atumbas wêsi pirang-pirang èwu. (kembali)
494 pirang. (kembali)
495 Lebih satu suku kata: pêpak nèng sitibêntar. (kembali)
496 ginotong. (kembali)
497 patih. (kembali)
498 nêmbah (dan di tempat lain). (kembali)
499 sèwu. (kembali)
500 Lebih satu suku kata: ingkang wawrat sèwu dhacin. (kembali)
501 dadi. (kembali)
502 Biasanya guru lagu i: wêsi. (kembali)
503 ebat. (kembali)
504 wus (dan di tempat lain). (kembali)
505 Kurang satu gatra: gatra ke-3 (8u). (kembali)
506 Lebih satu suku kata: lukar gêlung kinarya usap sikil. (kembali)
507 Lebih satu suku kata: sampun tata pinarak garwa pinangku. (kembali)
508 rêmuka. (kembali)
509 kabalangêna. (kembali)
510 iya. (kembali)
511 ulês. (kembali)
512 anèng. (kembali)
513 Biasanya guru lagu i: sori. (kembali)
514 Kurang satu suku kata: kapal giyot lawan sêlup. (kembali)
515 Kurang empat suku kata. (kembali)
516 minggah. (kembali)
517 Lebih satu suku kata: nèng laotan kang toya tinrajang asru. (kembali)
518 Kurang satu suku kata: nêngêna ingkang lumampah. (kembali)
519 Kurang satu suku kata: ngabèi dêmang agêlar. (kembali)
520 anyidrani. (kembali)
521 Loka. (kembali)
522 anjog. (kembali)
523 Kurang satu suku kata: anjog datanpa larapan. (kembali)
524 wartènipun. (kembali)
525 Kurang satu suku kata: nênggih ingkang wartènipun. (kembali)
526 malês. (kembali)
527 unduri. (kembali)
528 sang. (kembali)
529 Kurang satu suku kata: sampun ngadhaton sang aji. (kembali)
530 kriciking. (kembali)
531 Lebih satu suku kata: lan kriciking watang. (kembali)
532 mènèk. (kembali)
533 munggah (dan di tempat lain). (kembali)
534 Kurang satu suku kata: amasanggrahan anênggih. (kembali)
535 ambyur. (kembali)
536 Kurang dua suku kata. (kembali)
537 bêntar. (kembali)
538 Lebih satu suku kata: dèn wudani mimis lumrah sakêlapa. (kembali)
539 Lebih satu suku kata: kang anèng laut giris. (kembali)
540 Biasanya guru lagu i: baris. (kembali)
541 Selan. (kembali)
542 pêlayune. (kembali)
543 sarêng. (kembali)
544 Lebih satu suku kata: pinêlak dening sang nata. (kembali)
545 anulya. (kembali)
546 simbar. (kembali)
547 pinjunga (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
548 pinêlak. (kembali)
549 Lebih satu suku kata: wus rêmbug dadi sawiji. (kembali)
550 lawan. (kembali)
551 Lebih lima suku kata: nulya nusula man prabu. (kembali)
552 Lebih satu suku kata: jaban kutha dèn idêri. (kembali)
553 Lebih satu suku kata: gawanên seba ta ingsun. (kembali)
554 Kurang satu suku kata: brana lan bongkokanipun. (kembali)
555 nata. (kembali)
556 Lebih satu suku kata: wadya alit ajrih lulut. (kembali)
557 Biasanya guru lagu a: lumalya. (kembali)
558 anunjang-nunjang. (kembali)
559 Kurang satu suku kata: arsa angungsi ika. (kembali)
560 anggêcaka. (kembali)
561 nêdha. (kembali)
562 akatong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
563 gêmpurên. (kembali)
564 dhatêngipun. (kembali)
565 Lebih satu suku kata: ki patih pan sampun mundur. (kembali)
566 Kurang tiga suku kata: Alamdahur gumujêng abêlik-bêlik. (kembali)
567 Lebih satu suku kata: nêlukakên sakyèh aji. (kembali)
568 Lebih satu suku kata: umyung asauran. (kembali)
569 Lebih satu suku kata: têngara gumrah. (kembali)
570 gègèr. (kembali)
571 mêtoni. (kembali)
572 mring. (kembali)
573 Kurang satu gatra: gatra ke-6 (5a). (kembali)
574 Kurang satu gatra: gatra ke-7 (7i). (kembali)
575 Kurang satu suku kata: Raja Maktal anauri. (kembali)
576 acicip-cicip. (kembali)
577 Lebih satu suku kata: iya dèn yitna. (kembali)
578 mêngke. (kembali)
579 Lebih dua suku kata: rêmak nêmpuh ki patih. (kembali)
580 anjrit. (kembali)
581 amit. (kembali)
582 mangsah. (kembali)
583 Lebih dua suku kata: sampun yun-ayunan. (kembali)
584 andhinginana (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
585 ngati-ati. (kembali)
586 Lebih satu suku kata: kakêpuh dèn sungkêmi. (kembali)
587 gosongi (dan di tempat lain). (kembali)
588 jurit. (kembali)
589 Baskara. (kembali)
590 gurinda (dan di tempat lain). (kembali)
591 Lebih satu suku kata: iya dèn yitna. (kembali)
592 tinumbak. (kembali)
593 Kurang satu suku kata: Prakêmpa amalêsat. (kembali)
594 anjrit. (kembali)
595 tandang. (kembali)
596 Lebih satu suku kata: mangsah ngrana sang nata ngagêm turăngga. (kembali)
597 sawêngi. (kembali)
598 Kurang satu suku kata: ya ta kawarnaa enjing. (kembali)
599 karêngèng. (kembali)
600 langit. (kembali)
601 Kurang satu suku kata: ingiring para prajurit. (kembali)
602 atembak (dan di tempat lain). (kembali)
603 Lebih satu suku kata: tanpa wêkas prêrang ngadu wong cilik. (kembali)
604 magut. (kembali)
605 nitih. (kembali)
606 Lebih satu suku kata: wus ayun-ayunan jurit. (kembali)
607 Kurang satu suku kata: Sang Lamdahur sigra ngucap. (kembali)
608 gunung. (kembali)
609 anèng. (kembali)
610 ayya (dan di tempat lain). (kembali)
611 Kurang satu suku kata: amudhun saking ing èsthi. (kembali)
612 angadêg (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
613 Lebih satu suku kata: sarêng sangêt dènnya gada paris rêmuk. (kembali)
614 gurinda. (kembali)
615 lintang (dan di tempat lain). (kembali)
616 pinundhi. (kembali)
617 Kurang satu suku kata: panêdhaku kulanana ing kami. (kembali)
618 Kurang empat suku kata. (kembali)
619 mêndhaka. (kembali)
620 Lebih satu suku kata: Lamdahur mêndhak sakêdhap. (kembali)
621 candhak-cinandhak. (kembali)
622 walês. (kembali)
623 Kurang tujuh suku kata: tan arsa ingsun andhingini anjunjung. (kembali)
624 Kurang satu suku kata: Lamdahur sigra angangkat. (kembali)
625 angkat. (kembali)
626 binanting. (kembali)
627 kabanting. (kembali)
628 Kurang dua suku kata: iya mêngko ingong malês sirèki. (kembali)
629 dyan. (kembali)
630 Menak. (kembali)
631 pan. (kembali)
632 kêrna. (kembali)
633 Lebih satu suku kata: Lamdahur binanting-banting nèng siti. (kembali)
634 jaran. (kembali)
635 baridhili. (kembali)
636 datan (dan di tempat lain). (kembali)
637 Lebih satu suku kata: datan sagêd amangsuli ing sih tuwan. (kembali)
638 Lebih dua suku kata, dan biasanya guru lagu a: têmah ngakên sudara. (kembali)
639 amêlasasih. (kembali)
640 Lebih satu suku kata: dhuh pangran kula turi dhatêng nagara. (kembali)
641 tarima. (kembali)
642 kabèh (dan di tempat lain). (kembali)
643 anggarêbêg. (kembali)
644 Lebih satu suku kata: nyêlamkên wong sanêgari. (kembali)
645 Lebih satu suku kata: Marmadi lon angucap. (kembali)
646 arènira. (kembali)
647 Lebih satu suku kata: mangkua nagra Ngabêsi. (kembali)
648 kaparentaha. (kembali)
649 drawina. (kembali)
650 Kurang satu suku kata: tutug ing boga drawina. (kembali)
651 Lebih satu suku kata: ginarêbêg para nata. (kembali)
652 dènnya. (kembali)
653 têguh. (kembali)
654 Kurang satu suku kata: wadya aprawirèng têguh. (kembali)
655 putri (dan di tempat lain). (kembali)
656 Kurang satu suku kata: ana ingkang layar sutra. (kembali)
657 layare. (kembali)
658 wontên. (kembali)
659 Biasanya guru lagu e. (kembali)
660 Kurang satu suku kata: darbe putra kêkalih wanodya. (kembali)
661 Lebih dua suku kata: pan angênting wau solahira. (kembali)
662 Lebih satu suku kata: dene kang rayi rêtnaning puri. (kembali)
663 Lebih satu suku kata: putraningsun lamun sira krama. (kembali)
664 Kurang satu suku kata: olèha wong kang abancèr. (kembali)
665 Lebih satu suku kata: kudangane kang rama. (kembali)
666 dênta. (kembali)
667 Lebih satu suku kata: datan suwe prata ing ngajêngan. (kembali)
668 Kurang satu suku kata: ki patih atur sêmbahe. (kembali)
669 wartanipun. (kembali)
670 apêparab. (kembali)
671 Lebih satu suku kata: pondhokanira Sang Jayènglaga. (kembali)
672 Lebih satu suku kata: anèng taratag rambat. (kembali)
673 tămpa. (kembali)
674 benjang. (kembali)
675 Kurang satu suku kata: benjang manira atămpa. (kembali)
676 pan. (kembali)
677 wau. (kembali)
678 anung-anung. (kembali)
679 sêmana. (kembali)
680 Lebih satu suku kata: pan amiyak sakyèh mantri seba. (kembali)
681 dèrèng. (kembali)
682 pagêlaran. (kembali)