Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 45–66)
1. | Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 01–22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan. |
2. | Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 23–44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan. |
3. | Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 45–66). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan. |
4. | Amir Ambyah, British Library (MSS Jav 45), 1808, #1037 (Pupuh 67–88). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Riwayat dan Perjalanan. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
--- [f. 95r lanjutan] ---
45. Durma
1. enjing muni têngarane wong ayuda | kêndhang gong lawan bera |[1] gong maguru găngsa | têtêg kadya butula | surake awanti-wanti | surak gumrêrah | Eslam kalawan kapir ||
2. Jayènglaga sampun miyos ing ayuda | angnèng trêratag nênggih | munggèng ing dhêdhampar | murub pinatik rêtna | ingayap para prajurit | pating parngangah | dinulu angajrihi ||
3. Natèng Mêsir sampun mêdal ing ayuda | kinubêng ing prajurit | kang têguh prawira | an kang kaya singa |[2] dinulu anggêgilani | andhèrakapang |
--- [f. 95v] ---
ngajab têmpuhing jurit ||
4. Prabu Mêsir pinarak anèng wijahan | palowanu rinukmi | sang nata ngandika | marang prajuritira | sira mêtonana jurit | Si Jayènglaga | dimèn mêtoni jurit ||
5. Jayènglaga angatag mri Raja Kopèh |[3] lèngsèr nulya wotsari | mangsah ngadilaga | apan nitih turăngga | angêmbat watang ngajrihi | maju nèng rana | ri sêksana kapanggih ||
6. Raja Buntar asru dènira angucap | sapa ranmu prajurit | baya sira Ambyah | sumaur kang tinanya | angong[4] dudu Jayèngmurti | prabu ing Yahman | Raja Kopah aran mami |[5]|
7. sira Raja Buntar anggumuyu suka | sira ngong sêngguh Amir | payo anumbaka | angling Sang Raja Yahman | sira anumbaka dhinging | jangkêp ping tiga | mêngko ingsun malêsi ||
8. Raja Buntar angling sira anumbaka | pêsthiyèng sira mati | anulya dèn êmbat | waose Raja Buntar | anulya dipun larihi | Sang Raja Kopah | ping tiga tan ngigati ||
9. Raja Buntar asru dènira angucap | payo malêsa gênti | nulya Raja Kopah | wadhinêpan |[6] apan nulya dèn larihi | jaja tan pasah | niba saking turanggi ||
10. surakipun wong Arab ambala-lambalan |[7] sampun dipun [dipu...]
--- [f. 96r] ---
[...n] gasongi | Buntarangn[8] ing wadya | Raja Mêsir bramatra[9] | angatag prajurit malih | Sang Raja Maskat | andêle wong ing Mêsir ||
11. maju ngrana Raja Maskat nitih liman | mutêr gada ngajrihi | sampun ayun-ayunan |[10] kalawan Raja Kopah | Maskat angling anudingi | payo numbaka | Kopah ingong tadhahi ||
12. anumbaka ana tuwasira pêjah | Raja Kopah sigra ngling | sira anggadaa | yèn wis jangkêp ping tiga | mêngko aku amalêsi | Sang Raja Maskat | iya dèn ngati-ati ||
13. dyan pinupuh Raja Kopah kaprawasa | kudanira ngêmasi | Raja Kopah niba | tan bisa angagdêga[11] | gumrêrah suraking kapir | Sang Raja Kopah | sampun dipun gasongi ||
14. Jayènglaga aspru[12] dènira ngandika | Lamdahur kang tinuding | lèngsèr sarya nêmbah | wau prabu ing Selan | anulya nitih èsthi |[13] dirada buntal | saking Loka kariyin ||
15. Alamdahur prapta amangagêm gada | mugèng luhuring èsthi | mangsah ngrana gongna | panggih ayun-ayunan | Raja Maskat anakoni | sapa singnambat[14] | dene agêng ainggil ||
16. apa sira ingkang aran Jayènglaga | ingkang tinanya angling | Lamdahur raningwang [ra...]
--- [f. 96v] ---
[...ningwang] | balane Jayènglaga | Maskat sigra dènnya angling | mara gadaa | payo padha wong bêcik ||
17. dipun putrê gadane kadya kitiran | mupuh Raja Srêrandil | sangêt panggadanya | kuwat panangkisira | syarane lir ruging wukir | parisnya mubyar | lir pendah gunung gêni ||
18. Alamdahur asru dènira angucap | payo malêsa aglis | Maskat kuwatira | angling Sang Raja Maskat | i dèn angati-ati |[15] ngong walês sira | ayya sira gumingsir ||
19. gya ginada Lamdahur mring Raja Maskat | nanging nora nêdhasi | Maskat nulya ngucap | Lamdahur amalêsa | Maskat asru dènnya angling | ngong walês sira | pasthi sira ko mati ||
20. Sang Lamdahur amutêr gadane srigra | munggèng asta kumitir | Maskat gya ginada | sangêt pamupuhira | rêmuk parisira wêsi | mêdal dahana | anêmpuh mri nrêpati ||
21. kasêrèmpèd êdhasing gajah asigar | Maskat tiba kuwalik | datan bisa lunga | gumrê surak wong Arab | kadya ombaking jaladri | Sang Raja Maskat | sampun dipun gasongi ||
22. Prabu Mêsir kalangkung bramêntyanira | ipenira kajodhi | nulya ngatag wadya | wasta Gang[16] Raja Kebar | wus [wu...]
--- [f. 97r] ---
[...s] kinèn mangsah ajurit | lèngsèr anêmbah | saking ngarsa sang aji ||
23. mangsah ngrana sampun anitih matêngga | angagêm gada wêsi | pratèng adilaga | sampun ayun-ayunan | atakon-tinakonan singgih |[17] praptèng Sang Raja Kebar |[18] angling sarya nudingi ||
24. dèn prayitna Lamdahur ngong pupuh sira | Lamdahur yitna wèsthi | anulya ganada[19] | wau Sang Raja Selan | pinupuh awanti-wanti | Sang Raja Kebar | alah sira ngêmasi ||
25. alah payo sira amalêsa |[20] ya ta Nata Sêrandil | sampun ngangkat gada | Raja Kebar gineda[21] | malêsing kenging kang èsthi | lir gunung rêbah | panggadane nrêpati ||
26. bala Ngarab surake ambal-ambalan | ya ta Sang Prabu Mêsir | langkung dukanira | andêlira palastra | sing ta maju akèh mati | mudur kabranan | langkung duka sang aji ||
27. Prabu Mêsir arsa anganwaki[22] yuda | andêle akèh mati | milane sang nata | arsa angawakana | karsane kiwul ing jurit | lawan wong Arab | tan nêdya mungkur ing jurit |[23]|
46. Pangkur
1. pan sampun miyosi yuda | Prabu Mêsir sikêpa praboning jurit |[24] dirada sumao[25] ngayun | apan sigra tinitihan |[26] kang dirada pangagone abra murub | Pratama angagêm [anga...]
--- [f. 97v] ---
[...gêm] gada | dinulu langkung ngajrihi ||
2. mangsah ing rana sang nata | pêtak-pêtak anangtang Jayèngmurti | lah payo Ki Jayèngkewuh | mêtonana ngayuda | ayya ngadu wong cilik têtêlukan para ratu |[27] atadhing[28] para prawira | miyarsa Ki Umarmadi ||
3. sêsumbar ingkang mangkana | nulya amit ngidèn mangsah tumuli | angagêm gada sang prabu | Raja Mêsir ngandika | iya sapa aranira ta sirèku | Ki Umarmadi angucap | aku aran Umarmadi ||
4. Kohkarib nêgaraningwang | iya aku andêle Jayèngmurti | Raja Mêsir asru muwus | mundura nora sotah | ingsun tandhing ala kang kaya rupamu | sumaur Ki Baudhêngndha | wong iki ya mêjanani ||
5. pan aku tau anigas | êndhasa ratu kang kaya sira iki |[29] payo tibakna gadamu | sri narengndra[30] bramantya | dyan pinupuh Marmadi dene sang prabu | sangêt ing pamupuhira | paris mubal kadya gêni ||
6. Umarmadi kaprawasa | pan aniba capa[31] astane kalih | suraking kapir gumuruh | Marmadi ginosongan | Jayènglaga kalangkung dènira bêndu | andêling prang kaprawasa | sigra têdhak Jayèngmurti ||
7. anitih pun Kalisahak | ngagêm gada yèn tinon angajrihi | Marmaya tan kêna kantungn[32] | ambuntut anèng kuda | praptèng rana [ra...]
--- [f. 98r] ---
[...na] ayun-ayunan sang prabu | Raja Mêsir angandika | sapa aranmu prajurit ||
8. sumaur kang sinung ujar | iya ingsu kang aran Jayèngmurti | lah sira sapa aranmu | sang nata suka-suka | bage sèwu sira Amir lawan ingsun | yèn sira tambuh tênaya | iya aku Prabu Mêsir ||
9. payo Amir amupuha | mako[33] gênti Jayènglaga nauri | tan arsa dhingini mupuh | balik sira mupuha | yèn wis jangkêp ping têlu ingsun amupuh | yèn kuwat ngong walês sira | Raja Mêsir anudingi ||
10. iya Amir de[34] prayitna | asambata kang ayogya sira mati |[35] Jayènglaga wus akudhung | lawan parise waja | dyan pinupuh Amir dene sang aprabu | kuwate ing panangkisira |[36] bangête ingkang anggitik ||
11. syarane lir gunung rêbah | lir guringnda parise Bagendha Mir | mawut kadi awun-awun | mêndhak pun Kalisahak | Amir kuwat Sang Raja Mêsir amuwus | lah ta payo amalêsa | ana tuwasira mati ||
12. Jayènglaga angandika | alah iya sang nata sun malêsi | iya dèn prayitnang[37] kewuh | sang nata wus prayitna | dyan ginada sang nata mring Jayèngsatru | saking sangête anggada | rêmuk parise sang aji ||
13. malêsat Sang Jayènglaga | limanira sang nata angêmasi | tiba angadêg sang prabu | surak [su...]
--- [f. 98v] ---
[...rak] wadya ing Arab | Natèng Mêsir ngêgda[38] sang angprabu[39] nulya amalês amupuh |[40] agêtya gada-ginada | tan ana kasoran kalih ||
14. Sang Nata Mêsir ngandika | Jayènglaga payo banting-binanting | lah mara jujungên ingsun | Jayènglaga ngandika | apa karêpmu ngong turut |[41] iya Amir dèn prayitna | nulya jinujung sira Mir ||
15. ingakata Sang Jayènglaga |[42] dipun banting wau datan ngikêdi[43] | dèn atêbakên[44] asru |[45] pan margagah kewala | sakalangkung bebote[46] Sang Jayèngsatru | mêng tyase sri narendra |[47] dene kasoran ing jurit ||
16. Prabu Mêsir angandika | alah payo malêsa Jayèngmurti | Sang Jayènglaga amuwus | têlasna kuwatira | sang nata ngling iya wis têlas kuwatku | Jayènglaga angandika | iya aku amalêsi ||
17. dèn ayog[48] sang nata |[49] Jayelaga manahe sampun dugi | anulya sira jinujung | sarya nolih Marmaya | Umarmapamaya samapun kaduga ing sêmu |[50] anulya kulukya abang | ingumbulakên tumuli ||
18. sakyah[51] wong Arab akêbat | tutup kuping turăngga lawan èsthi | anulya sang Jayèngkewuh | Nètèng[52] Mêsir ingakat | dyan binanting sarêng sang aprabu |[53] Jayènglaga nulya
--- [f. 99r] ---
pêtak | lir gêlap sayuta nênggih ||
19. sang nata sangêt kantaka | wadyabala Mêsir niba tan eling | gajah jaran kapalayu | kagyat amirsa pêtak | wadyabala ing Arab surak gumuruh | akêbat Ki Umarmaya | sang nata dipun awrêri ||
20. kasilir ing samirona | Nètèng Mêsir anglilir nulya ligih | sang nata bilêng pêpungun | pan sarwi ingawrêran | yèn ngucapa Prabu Mêsir jroning kalbu | èstu prajuritate Ngalam |[54] ingkang aran Jayèngmurti ||
21. Sang Jayènglaga ngandika | alah payo apa karêpmu iki | Sang Raja Mêsir andhêku | langkung ngêsorkên raga | Jayènglaga tuhu yèn prajurit luhung | kawula asrah nêgara | lan putri kula kêkalih ||
22. ngaturakên panjuru dang | lan nêgara Mêsir tuwan darbèni | sumăngga mring Jayèngkewuh | amba tan lênggana |[55] Jayènglaga langkung anglês manahipun | têtali wus inguculan | pan sampun tata alinggih ||
23. Jayènglaga angandika | lah manjinga gama Isalam sang aji |[56] darma sumăngga sang ulun | kapanggih sira dhawèk |[57] Natèng Mêsir sangsaya ajrih alulut | marang wau Jayènglaga | pan sapun dipun atura |[58]|
24. pinarak ne pasanggrahan | Jayènglaga sêmana samapun kering |[59] pinarak têratag agung | wong Arab sampun bubar | wus akumpul [aku...]
--- [f. 99v] ---
[...mpul] lawan wong Mêsir akêmbul | wong Mêsir kêkês sêdaya | andulu mri Jayèngmurti ||
25. pinarak anèng dhêdhampar | pan siniwi sagung para nêrpati | jêjêl mugèng anèng ngayun | wadya alit atarap | Prabu Mêsir matur dhatêng Jayèngsatra |[60] katuran dhatêng nêgara | ngêdhatona anèng Mêsir ||
26. wong dalêm ngayap sadaya | mugèng kering wau mring Jayèngmurti | Raja Mêsir asêsugun | sarupane wong Arab | pinilihan ingkang patut warnanipun | kalangkung binojakrama | sabalane Jayèngmurti ||
27. Sang Jayènglaga ngandika | Raja Mêsir èstokna prentah mami | sira Sêlama sang prabu | iya sawadyanira | Rajèng Mêsir matur dhatêng Jayèngsatru | igih patikbra sandika | paduka kula aturi ||
28. lawan Radyan Umarmaya | ngadhatona anèng nêgari Mêsir | pirak ajrah kadhatun |[61] sampun kaul kawula | Jayènglaga sêmana samapun anurut |[62] jêngkar dènnya sinewaka | malêbêt ing kênyapuri ||
29. ing jawi gumêr gumrêrah | kang akarya pasanggrahan nêrpatati |[63] punggawa Ngarab sadarum | sakyèh kori kanggonan | paregolan Raja Mêsir kang atugur | lawan kêmbar kawan dasa | wong anom aingkang [a...]
--- [f. 100r] ---
[...ingkang] pinilih |[64]|
47. Sinom
1. warnanên Sang Jayènglaga | pinarak nèng dalê puri | mugèng dhêdhampar kêncana | lir kadi syargan angalih | sugunira sang aji | sakyèhe wong dalêm agung | andhèr nèng palataran | pêngagene sarya adi | datan ana wong lanang ingkang katingal ||
2. pramèsyarine sang nata | kang putra dèn busanani | kang putra arsa lênggana | kalangkung dènira ajrih | Dèwi Sêkaringpuri | lan Dèwi Sajarabanun[65] | dhasar wong ayu endah | angage kang sarwa adi | lêngkèd-lêngkèd sininjangan gunung bêntar ||
3. kinampuhan jiga măngsa | sinulam kêncana ngrawit | sêsampur sutra diwăngga | dene kadya Dèwi Ratih | abigêl[66] anting-anting | nawarêtnanipun murub | kêkalung tundha tiga | sinawuran itêngn[67] bumi | mêlok-mêlok sêngkange banci angraras ||
4. asêkar mas gêgubahan | siwur mas rêtna di |[68] ambuka sri tundha tiga | mancur intêngne nêlahi | rema datan kèèksi[69] | dene sêkar waja jamus | gandanira angambar | wêdana amindha sasi | danar-danar kadi widadari kendran ||
5. tuhu gurunèng[70] wanita | nênggih putri adi Mêsir | dene Ni Dèwi Sajara[71] | pêngagene murub asri | asinjang [a...]
--- [f. 100v] ---
[...sinjang] cindhe abrat |[72] kinapuhan[73] sutra wungu | pan linud ing kêncana | sêsampur mêndhalagiri | sutra jênar binuntaran madukara ||
6. ambigêl intên kang mulya | akêkalung susun asri | kilatbau mênggah jaja | anting-anting acêlumpring | nawarêtna nêlahi | apradapa mas kang murub | dhasar ayu sang rêtna | karênggèng busana adi | lêngkèh-lêngkèh kadya Dèwi Wilutama ||
7. binêkta ing pêparêkan | dene sagung pramèsywari[74] | ginarêbêg ing badhaya | apan kadya widadari | tumêdhak saking syargi | sami èstri kathah kenyut | prapta nèng pamarêkan | ngarsane Sang Jayèngmurti | putri kalih ngalosod anèng ngajêngan ||
8. sami tumungku[75] alênggah | awuwuh ngibuhi manis | sakêdhap saprêng tumingal | sang brăngta lawan sang brangti | lir kilat lawan thathit | anêlahi warnanipun | ebat sagung kang mulat | kaya milua alinggih | Sêkarpura ayune tan ana meba[76] ||
9. apan ta Sang Jayènglaga | andulu marang sang dèwi | trêsnena[77] kaya kagagas | dhatêng rêtna ing Madayin | kang nama Munigarim | prasêtyanira kagugu | tansah amênggah-mênggah | kalangkung raosing galih | padha yune kari ujar tatêmênan ||
10. dhasar [dha...]
--- [f. 101r] ---
[...sar] Wong Agung Menak |[78] têguh tuhu dèn adhêmi[79] | ningali Sêkarkadhatyan | langkung kogêle kang galih | èstri amawi kapti | yèn sinêmbadan ing kayun | têmah akarya êsak | sira wau Jayèngmurti | kang kaetang kala dhingin asêsêtyan ||
11. sarêng surupa sang yyang arka |[80] wayahe bakda mahrib |[81] padhang bulan kakêncaran | sêdhênge purnamasidi | dhêdharar[82] sampun mijil | tinampan ing para arum | sarêng prata sadaya | ya ta wau putri kalih | angladosi wau dhatêng Jayènglaga ||
12. lampahnya akêkesodan | ne ngarsane Jayèngmurti | tan winarna solahira | sampun dènira abukti | lorodan sampun mijil | tinampana parêkan babu |[83] nulya sami anmucang[84] | Sêkarkadhaton kang lungid | Jayènglaga tuwuk tingkah pêpiringan ||
13. Jayènglaga mênggah-mênggah | kalangkung kewran ing galih | dene sami ingkang karsa | dadya kèndêl Jèyèngmurti | ngêningakên pangliring | mut lamun kakungipun |[85] ya ta Sang Jayènglaga | anyipta jatining urip | Sêkêrpura[86] pinandêng tan kêna gigang[87] ||
14. dadya angrupak paningal | anyita jatining êning | angirup sakyèhing
--- [f. 101v] ---
rasa | rasaning jalu lan èstri | ya ta sang raja dèwi | pinandêng mri Jayèngsatru | sêmune gêntayangan | tanpa jiwa sang lir Ratih | lêsu lupa inggih lamun tan panggiha ||
15. manahe wayang-wuyungan | wau sira Jayèngmurti | sang rara mêdal pasilan | saking ngarsa Jayèngmurti | datan kêna lumaris | ingampingan para babu | Sajarahbanun ane wuntat |[88] sang ayu wus dèn wèngsiti[89] | kacêmutan sang rêtna mri Jayènglaga ||
16. sapraptane pagulingan | sang rêtna lajêng aguling | nèng jênêm[90] tan anggulawat | tanpa jiwa sang lir Ratih | maras kang para bibi | miwah ingkang para babu | katur Sang Jayènglaga | sang ayu anyalawadi | sakodure sang rêtna datapa[91] ngucap ||
17. mèsêm wau Jayènglaga | ya ta angandika aris | iki bibi aturêna | kêmul ingsun yèn aguling | jingga maruta adi | katura mring dèwaning rum | dadosa kaliliran | ingsun têdhakêna bibi | tulusêna dadia têtaba[92] brăngta ||
18. ni inya wus awotsêkêr |[93] kampuh sampun de[94] tampani | binêkta ing kênyapura | sampune prata tumuli | dèn kêmulakên agis[95] | dhatêng [dha...]
--- [f. 102r] ---
[...têng] kusumaning ayu | kampuhe sang juwita | sampun linarod[96] tumuli | ingaturkên wau dhatêng Jayènglaga ||
19. solahe lir sih-sinihan | sang brăngta lawan sang brangti | dene sang rêtna juwita | pan sampun dipun usêlsi[97] | kampuhe Jayèngmurti | sang dyah sakeca aturu | sakyèhe para inya | para babu pramèswari | samya lêga manahe dulu sang rêtna ||
20. kang ibu asêmu maras | kang putra owah sawêngi | ya ta Sang Prawirèngyuda | asare nèng têpaswangi | gêgulinge angapit | kasur sari tundha têlu | sampeyan pinêtêkan | dene wau para bibi | kinêbutan dene wau ing lar badhak ||
21. dadya sakeca anendra | sêmona Sang Jayèngmurti | apan wau asupêna | raos Sang Jayèngmurti |[98] akaronsih lan sang dèwi |[99] anèng ing jro jinêm arum | kaya nora supêna | raose Sang Jayèngmurti | apulangyun kalayan Sêkêrkadhatyan[100] ||
22. acampuha satruna[101] |[102] tan raga-raga angipi | kadya sawahananira | wêdhar dènnya pulangrêsmi | kagyat Sang Jayèngmurti | garegah angnulya wungu | emut lamun supêna | anulya asare malih | tan [ta...]
--- [f. 102v] ---
[...n] prabeda lawan adining kusum |[103]|
23. sarêng wau ingulêsan | ing kampuhe Jayèngmurti | sang dyah sakeca anendra | sajroning guling angipi | apan katingal nêgih | asare lan Jêjayèngsatru |[104] katon kinusya-kusya | malah kongsi têkèng rêsmi | malah sampun kadya têkèng sacubona[105] ||
24. tan raga-raga supêna | pêngrasane radyèn dèwi | kadya sawahananira | sarêng wus tumênkèng rêsmi | kagyat anulya tangi | sang rêtna apungun-pungun | kêkêtêg sumyar-sumyar | karingite[106] banyu mili | mênggah-mênggah sang rêtna lir wong asmara ||
25. sang rêtna anulya lênggah | pêpungun dènnya angipi | karingit kumyus reweyan | sa dya[107] karênan ing galih | lajêng siram sang dèwi | lir têtêmêna[108] tyasipun | sampun dènira siram | agêgănda mêrbuk wangi | gandru-gandru[109] lampahe anampar sinjang ||
26. sangsaya ayu angraras | kusuma rêtna Amêsir | pinarak nèng wêwangunan | ingayap ing para cèthi | sarya muncang sang dèwi | yèn dinulu asung wuyung | êmban atap nèng
--- [f. 103r] ---
ngarsa | samya suka ingkang galih | sang rêtna yu asiram tan mawi priya ||
27. suka manahe kusuma | ngandika mring para bibi | biyang aku asupêna | asare lan Jayèngmurti | noraga angipi |[110] solah isun apulangyun | kaya-kaya têmêna | tutug dènnya pulangrêsmi | maras-maras pantêse kaya dadia ||
28. sarêng mèsêm sang kusuma | para babu aguyoni | igih ta sokur ratu mas | prasasat angipi batin | lawan Sang Jayèngmurti | punika langkung pinunjul | sa dya ayu ngandika | apan dhêmanku[111] kapati | lir pêjaha yèn tan panggiha sadhela ||
29. mêngko iki aku biyang | kalangkung ayêm kang galih | barêng aku asupêna | gumuyu kang para bibi | mênawi tulus gusti | asuwita Jayèngsatru | sadalu pagunêman | kalawan kang para bibi | samya suka wawu[112] ingkang para inya ||
30. abungah-bungah kalintang | wau kusumaning puri | sawungunira anendra | dene kongsi anêmêni | pangrasane sang dèwi | sumètêg anèng prêmbayun | ing dalu tan kawarna | ya ta kawarnaa enjing | wus raina sang rêtna maksih kasmaran ||
--- [f. 103v] ---
48. Asmaradana
1. ya ta kawarnaa enjing | miyos wau Jayènglaga | wau saking ing kadhaton | ginarêbêg ing badhaya | kang sami ayu endah | kandhêg anèng sitiluhur | munggèng amparan kancana ||
2. pinatik ing rêtna adi | ing wiking para biyada | kang ngampil upacarene[113] | kang munggèng ngarsane Ambyah | para ratu satriya | punggawa prajurit agung | sêsak jêjêl anèng ngayunan |[114]|
3. magêlaran para mantri | lir sagara rob balabar | gumêr gumuruh syarane | kang tansah anèng ngajêngan | wau para niyaka | Raja Mêsir anèng ngayun | kalawan Sang Raja Maktal ||
4. ngandaka[115] Sang Jayèngmurti | marang Raja Mêsir ika | sampun ta dadi runtage | manira darbe parentah | Raja Mêsir tur sêmbah | punika karsa pukulun | patikbra datan lênggona ||
5. angandika Jayèngmurti | andika sampun anêmbah | manira iki wong anom | pêsthane[116] apuntê[117] dika | dika ligih ing ngandhap | paretah ulun mri prabu | ing pundi kuwawi dika ||
6. yèn ana narendra kapir | andi rêmak punika |[118] andika sêlna kabèh |[119] yèn tan arsa Asêlama | daka gêcak dèn egal [e...]
--- [f. 104r] ---
[...gal] | yèn ana awrat kang mungsuh | manira anindakana ||
7. sokur sakyahing nagari | padha atêluk kewala | andika bêkta marene | asebaa marang ingwang | poma dèn kalampahan | Sang Raja Mêsir umatur | igih patikbra sandika ||
8. sampun kawula utusi | patikbra sakyèh nagara | tan ana suwalèng kabèh | ajrih dhatêng ing panduka | apan mirsa kewala | sadaya pan sami nukul[120] | dhatêng wau Jayènglaga ||
9. wus dangu dènnya tinangkil | wau Sang Prawirèngyuda | nulya dhêdhaharan miyos | sêkul ulam jêjodhangan | miwah ingkang wowohan | jodhang pirang-pirang atus | miwah badhèg lawan arak ||
10. bubar kasukan Sang Amir | malêbêt ing dhatulaya | ginarêbêg ing wong wadon | pan sampun Sêlam sadaya | sakyèhe wong jro pura | miwah kusumaning ayu | pan sampun agama Sêlam ||
11. ya ta ing dalu kawarni | Jayènglaga pagunêman | anèng sajroning kadhaton | lan Mêsir Sri Narendra |[121] lawan Ki Umarmaya | ngandika Sang Jayèngsatru | dhatêng Mêsir Sri Narendra ||
12. ulun budhal bejing enjing | wus lawas anèng ing paran | wêling manira sang katong | ing Mêsir dipun karêksa | mungguhing gamanira | Raja Mêsir alon matur | kawula batên tumuta ||
13. lan malih
--- [f. 104v] ---
Sang Jayèngmurti | kawula atur uninga | Ni Dèwi Sêkêrkadhaton | duk angladosi panduka | dalu inggih supêna | apanggih lawan pukulun | malah dhatêng sacumbana ||
14. punika dêlasan mangkin | sang rêtna dèrèng atarab | warnane sangsaya ijo | wêtawis kawula ngidham | punika paran karsa | sira Mir kagyat angungun | sapandurat tan ngandika ||
15. mirsa ature nrêpati | gagêtunira kalingtang[122] | dene anyupêna bae | anêmêni kosi ngidham | Jayènglaga ngandika | sampun karne Yyang Agung |[123] tan kêna dinugèng karsa ||
16. tandhane Sukma Kang Luwih | asipat kodrat iradat | tan kêna binadhe-badhe | dene tan ora kayaa | inggih rama sang nata | kawula sarêng sadalu | asupêna sacubona ||
17. botên angrasa angipi | sampun kadya tatêmênan | lan yayi Sêkêrkadhaton | punika sri naranata | lamun dadia bocah | nadyan èstri nadyan jalu | pêsthi punjul ing akathah ||
18. yèn mangkotên rama aji | nimas batên kula bakta | sampuna kawin kemawon | lawana dika kantuna | angrêsaa nagara | mung yayi Sajarahbanun | puka kawula bêkta |[124]|
19. dadosa panglipur wingit | lan malihe
--- [f. 105r] ---
lilah tuwan | mênawi wontên judhune | Nata Mêsir langkung suka | matur mring Jayènglaga | lair batin Jayèngsatru | ing donya têkèng akerat ||
20. tan adarbe atur malih | sumaga karsa panduka | măngsa boronga sang katong | miwah ing Mêsir nagara | kula darma atêngga | Wong Menak ngadika[125] arum | sih tuwan kalinggamurda ||
21. kawula atilar wêling | yèn ababar wayah tuwan | yèn jalu inggih wastane | Radèn Maryunani ika | Marmaya sigra ngucap | manira asung jêjuluk | Rahadyan Imansupêna ||
22. kalamun miyos pawèstri | sakarsa tuwan suka pêparab |[126] sang nata suka ature | inggih ta dhatêng sandika | wêlinge Jayènglaga | kawula inggih mituhu | sadalu apagunêman ||
23. datan kawarna ing latri | enjingira kawarnaa | gumrê gumuruh syarane | ingkang anata gêgaman | sangu klawan pikulan | kang saos wahana agung | kumruwuk syaraning jalma ||
24. kawarnaa Jayèngmurti | miyos saking dalê pura | ginarêbê[127] ing wadya kyèh | Ni Sajarah anèng ngarsa | alon ing lampahira | sampun praptèng sitiluhur | Kalisahak sampun mêdal ||
25. kèndêl sakêdhap sira Mir | jawat tangan lan sang nata | nulya tinêtêgan age | bubar gêgaman
--- [f. 105v] ---
pan ngarsa | muntab lir banjir bandhang | syaraning wadya gumuruh | mêdal saking jroning pura kutha |[128]|
26. nulya budhal Jayèngmurti | anitih pun Kalisahak | angiringakên arine | Ni Dèwi Banunsajarah | pan joli tinitihan | para inya nitih tandhu | adulur munggèng ing ngarsa ||
27. ingkang tinilar gung brangti | sang nata lawan kang garwa | miwah Ni Sêkêrkadhaton | kadya tinilar ing pêjah | tau asrang gumêrah | ing mangke langkung asamun | dhasar tinilar ing trêsna ||
28. warnanên Sang Jayèngmurti | lampahe praptèng sagara | amanggih baita akèh | ingkang nyaosi kang rama | Sang Prabu Mêsir aka[129] | kang wadya numpak parau | kadya mas timbul ing toya ||
49. Maskumambang
1. sampun kawot punggawanira Sang Amir | sarêng babar layar | baita kang agêng alit | tinon lir sêkêr[130] sataman ||
2. Jayènglaga palwa kapal dèn titihi | sagung para nata | baita awarni-warni | ana kang nitihi korab ||
3. ting karêthap kalamun dinulu asri | wênèh layar sutra | miwah ta mêndhala giri | ana kang layar sangkêlatal |[131]|
4. miwah ana sutra biru ana putih | kang kinarya layar | baita sami lumaris | baita lêlampahnya [lê...]
--- [f. 106r] ---
[...lampahnya] kêbat |[132]|
5. ênêngêna lampahe Jayadimurti | lan sabalanira | lumapah anèng jaladri | raina wêngi lumapah ||
6. kawarnaa wau Sang Prabu Madayin | miyos sinewaka | pinarak anèng sitigil | munggèng wijahan masa rêtna |[133]|
7. pan ingayap dene wau wong jro puri | tan ana wong lanang | pun Irman lan Bêstak Patih | anèng ngayunan sang nata ||
8. angandika wau Sang Prabu Madayin | Bêstak kaya ngapa | wartane Si Jayèngmurti | ngong utu[134] nglurug mri Selan ||
9. apa mênang apa urip apa mati | mêngko pan wis lawas | sun ajap Si Jayèngmurti | alêbur tumpêsa pisan ||
10. pira-pira gêthing sêngite kang ati | mèk matu[135] wong Sêlam | gêgêtun satau[136] mami | ngongkok nèng kadipatyan |[137]|
11. dene têka mêmantu wong kêna sarik | matur Patih Bêstak | paran karsa paduka ji | Jayènglaga maksih gêsang ||
12. sampun matuk[138] dawêg kandhêg nèng pasisir | langkung kinawasa | sakèh nagri dèn idaki | ngandika sri naradipa ||
13. yèn mangkono Bêstak yèn têka Si Amir | age papagêna | ayya awèh marang nagri | yèn mêkono[139] undurêngna[140] ||
50. Durma
1. pondhokêna ing ara-ara awiyar | sawadyanira Amir | ingsun [ingsu...]
--- [f. 106v] ---
[...n] nora sotah | mêmatu olèh Sêlam | lah Bêstak sira dèn bèkit[141] | saujarira | dèn bisa amèt ati ||
2. nulya kodur ngadhaton Raja Nursewan | bubar sagung kang nangkil | mirsa Amir prata | sawênèh bungah-bungah | kang sawênèng[142] wêdi giris | măngs wandeya |[143] angrusak ing Madayin ||
3. Patih Bastak sampun baris ngara-ara | sawadya ing Madayin | anggêgêng akapang | ngara-ara kèbêkan | nêngêna baris Madayin | ingkang kocapa | wau ta ingkang prapti ||
4. kalanara[144] Jayelaga sampun prapta | nulya dipun takoni | atas wadya Ngarab | anulya ingadhangan | sadaya ingandhêg sami | kandhêg sadaya | datan kêna lumaris ||
5. kandhêg kabèh gêgamane wong ing Arab | katur mring Jayèngmurti | yèn kawulanira | dipun andhêg sadaya | dene bala ing Madayin | nèng ara-ara | datan kêni lumaris ||
6. Jayènglaga anadêrakên turăngga lan para nata |[145] wau Sang Jayèngmurti | prayitna ngayuda | prapta nèng ara-ara | maksih manggung anèng wajik | wênèh ing liman | dinulu angajrihi ||
7. kawarnaa wau Kyana Patih Bastak | panggih lan Jayèngmurti | lajêng numkêmi[146] pada |[147] marang Sang Yènglaga [Yèngla...]
--- [f. 107r] ---
[...ga] |[148] umatur angasih-asih | dhuh tuwan kawula |[149] igih dipun aririh ||
8. sokur bage paduka anuli prapta | tuwan sami basuki | angling Jayènglaga | salamêt lampah ingwang | angsal bêrkate nrêpati | Kya Patih Bastak | aturira amanis ||
9. lah ta tuwan panduka masanggrahana | kèndêla wontêna ngriki |[150] apan igih kula | kang damêl pasanggrahan | parentahira sang aji | lah pingnaraka | nèng pasanggrahan nênggih ||
10. Jayènglaga kering dene Patih Bastak | sawadyane angiring | praptang[151] pasanggrahan | samya alêlinggihan | andhèr sakèhing prajurit | kêpung akapang | lawan bala Mêdayin ||
11. Umarmaya tan têbih lan Jayènglaga | Ki Patih Bêstak angling | anggèr atampia | timbalena[152] sang nata | mêngko Bêstak lamun prapti | Si Jayènglaga | aturana kariyin ||
12. sanggrahêna ara-ara ingkang wiyar | anakku Jayèngmurti | ingkang sugih bala | amot papane wiyar | rumêksa sajroning nagari |[153] ingkang timbalan | rama andika gusti ||
13. Jayènglaga ngandika mri Patih Bastak | manira atut wuri | lumampah mring praja | rèhning kinarya duta | pêsthi matur mri sang aji | yèn lampah kula | ki patih anindhihi ||
14. nulya bubar Ki Patih Bastak sêmana |
--- [f. 107v] ---
sawadyanira ngiring | dene Jayènglaga | adangu pagunêman | lan sagung para nrêpati | miwah Marmaya | ingkang tinari ing wèsthi |[154]|
15. sampun rêmbag sagunging para narendra | ya ta kang wadya alit | pan sampun pinarnah | wau kang pamondhokan | sadaya sampun wêradin | Sang Jayènglaga | lan sagung pra narpati ||
16. bubar kabèh wahana turăngga liman | se marang Madayin |[155] tan abêkta bala | amung uwos kewala | dhomas kang para nrêpati | agêgajangan[156] | lampahira nèng margi ||
17. kawarnaa wau Sang Raja Nursewan | enjing miyos tinangkil | anèng pagêlaran | pêpêkan wadyabala | gumuruh syaraning jalmi | lagya pinarak | Ki Patih Bastak prapti ||
18. ya ta gêpah ingawe dhatêng ngajêngan | Bastak matur wotsari | ngandika sang nata | Bastak age matura | ki patih matur wotsari | inggih sang nata | pun Jayènglaga prapti ||
19. pan alêksan balane Sang Jayènglaga | prajurite kang wuri | gêng igil kalingtang | apan pating prangangah | ing mangke inggih sang aji | Sang Jayènglaga | lumapah wontên wingking ||
20. lah punika ingkang gumrêrah ing jaba | kados Sang Jayèngmurti | ya ta Jayènglaga | malêbu galedhegan | sabalanira angiring | gumrê-gumrêrah | pinirsa angajrihi ||
21. sampun prapta
--- [f. 108r] ---
Jayènglaga pagêlaran | têdhak Prabu Madayin | sira Mir pinapag | cudhuk nyukêmi[157] pada | sang nata ngrangkul gumati | asru ngandika | sokur sèwu mas prapti ||
22. Jayènglaga binêta mring palênggahan | sampun tata alinggih | Amir anèng ngandhap | sang nata nèng wijahan | dene sagung kang prajurit | tata akapang | punggawa ing Madayin ||
23. Jayènglaga umatur sarwi anêmbah | kula atur upêksi | kawula dinuta | ambêdhah nagri Selan | sampun kawula bayongi | narendranira | Lamdahur kang wêwangi ||
24. Sang Nursewan ajêngêr dènnya tumingal | ing prabu ing Sêrandil | agêng luhur dhawak | Nursewan angandika | lah sapa ingkang darbèni | nagri ing Selan | lan ratune puniki ||
25. Jayènglaga matur sarwi anêmbah |[158] langkung karsa sang aji | andhèrèk kewala | sumăngga ingkang karsa | angling Sang Nata Madayin | lamun sêmbada | ing karêpira kaki ||
26. age patih Alamdahur timbalana | ngong pundhut nèng Madayin | nulya tinibalan | dene Ki Patih Bastak | Lamdahur ta sira iki | sira ngandikan | mri gusti sri bupati ||
27. Sang Lamdahur malênglêng amalangkadhak | babrangose[159] dèn untêr |[160] angawêt gigit waja |[161] ngajrihi tiningalan | lir Gathotkaca liniring | asru angucap | apa ujarmu patih ||
--- [f. 108v] ---
28. lamun sira arêp ngawulakkên mringwang | payo dhingingna jurit | lamun aku kalah | pêrang kalawan sira | yèn aku mênang ajurit | pêsthi ta sira | patih ngong kêndhalèngni[162] ||
29. Patih Bastak mundur kêkês calurutan | datan wani ngacêmik | Sang Raja Nursewan | wau pan gêlar boja | sugatanira angênting | wus ingajangan | sabalanira Amir ||
30. Jayènglaga kalangkung binojakrama | sawadyabala singgih | bisane Nursewan | dènnya amulut manah | wus samya dhêdharan nênggih | Prabu Nursewan | pangandikane amanis |[163]|
51. Dhandhanggula
1. putraningsun êmas Jayèngmurti | ayya tanggung têtulung pun bapa | ing sapisan iki bae | ingong arsa ginêmpur | dene wau Sang Prabu Jobin | Ratu Kaos nagara | rêpa gêmpur maring sun |[164] dene ta rayi para |[165] Ni Muninggar akarsa jinaluk wani | sun ampah nora kêna ||
2. karsaningsuna rinêbuta wani |[166] ing Madayin pan arsa rinusah[167] | pun bapa langkung susahe | karane putraningsun | dèn sêngkaa sapisan iki | yèn Si Jobin palastra | ndening[168] putraningsun | kasrah Ni Dèwi Munigar | lamar pinjung kasrah nagari Madayin | aja tanggung ing lampah ||
3. alah paran kaki Jayèngmurti | Jayènglaga anolèh Marmaya | nulya ambisiki alon [alo...]
--- [f. 109r] ---
[...n] |[169] sapun andika purun | mangke pandhok[170] sami pinikir | matur Sang Jayènglaga | kawula tan purun | nadyan pulanga ludira | lamun sampun pulang gănda marbuk wangi | kula dhatêng sandika ||
4. sakalangkung dutane sang aji | Umarmaya kang dèn uman-uman | Marmaya sajro ngatine | rupamu anyarungus | atinira pan kaya bêlis | têka mêmarahi edan |[171] dèn paraga ngantu | Nursewan jêngkar sineba | angadhaton bubar sagung kang anangkil | gumrêrah pagêlaran ||
5. Jayènglaga pan gunêman sami | lawan sagung wau para nata | Marmaya alon dêlinge | apan Sang Jayèngsatru | ngalap opah Prabu Madayin | apan wis linakonan | angalahakên musuh |[172] pêsthi jinaluk kang opah | awèh nora awèha aku wani |[173] maring ja Nursewan |[174]|
6. tan kawarna Sang Wiradimurti | kang kocapa ing Gêbangtinatar | Ki Betaljêmur wastane | apan ta sampun ngrungu | lamun prata Sang Jayèngmurti | arsa sira tijoa[175] | mri Sang Jayèngsatru | Betaljêmur sampun dadan | kêkampuhan rasukan jubah rêspati | sêbe tumupang[176] pundhak ||
7. dhêsthar bawang sabungkul angrawit | sabat walu pan sampun adadan | pan kari angkate bae | kasaru ingkang rawuh [ra...]
--- [f. 109v] ---
[...wuh] | utusane Sang Jayèngmurti | prapta nèng palataran | ingancaran lungguh | pan sampun alinggih tata | Betaljêmur anyapa wêcana manis | bageya Raja Kopah ||
8. baya ana karya ingkang gati | Raja Kopah pan dhatêng prayogya | Sang Raja Kopah dêlinge | ingutus Jayèngsatru | jêngandika dipun aturi | Betaljêmur ngandika | mèsêm sarya muwus | bênêr sira Raja Kopah | iya ingsun apan arsa angaturi | kang payung Tunggulnaga ||
9. Tunggulnaga pilih kang kuwawi | mung ngandika yogya ingkang kêlar | kaparêng dika marene | ingsun mèh mangkat wau | aprayogya dika kang prapti | anulya sami mangkat | Arya Betaljêmur | anulya Sang Raja Kopah | Tunggulnaga ingakat sampun kawawi | apan ta sami mangkat ||
10. Betaljêmur pan sampun lumaris | lawan wau sira Raja Kopah | amandhi Tunggulnagane | agêng awrat kalangkung | pan lumingtu[177] dènnya lumaris | samarga rêrêmbagan | wau Betaljêmur | warnanên Sang Jayènglaga | pagunêman anèng pasanggrahan nênggih | lawan kang para nata ||
11. pêpak kabèh kang para prajurit | Jayènglaga aris angandika | lah kakang priye bêcike | timbalane sang prabu | ing Madayin akon ajurit | kakang karsa manira | ngong lampahi iku | minggah ing Kaos nagara [na...]
--- [f. 110r] ---
[...gara] | atandhinga kalawan Sang Raja Jobin | anglapahi ayahan ||
12. tan kawarna wau Jayèngmurti | ingkang lagya wau pagunêman | wontên gêtya winiraos |[178] Sang Arya Betaljêngmur | ingkang lagya wau lumaris | lawan Sang Raja Kopah | sar mandhi payung |[179] datan kawarnèng marga |[180] Betaljêngmur sêmana pan sampun prapti | pondhoke Jayènglaga ||
13. prapta ngarsane Sang Jayèngmurti | uluk salam nulya jawat tangan | sampun atata linggihe | Betaljêmur amuwus | sokur sèwu sêlamêt prapti | langkung pandonganingwang | mri Sukma Kang Agung | dinulur sasêdyanira | apan ulun umatur Sang Jayèngmurti | kang paman malih mojar ||
14. anak ingsun Ki Mas Jayèngmurti | ingsun awèh wasiyat mri sira | payung kang Tunggulnagane | singa nganggoa iku | apan dadya pakuning bumi | yèn ginawa ayuda | apan têguh ayu | lawan nora kalah-kalah | wus jamake wong ayuda ana ingkang mati |[181] nanging ta pasthi mênang ||
15. nora pira gênge Tunggulnèki | nanging pilih kang kalar[182] anggawa | amung Raja Kopah dhewe | Sang Jayènglaga nuhun | kang wasiyat wus dèn tampani | nulya atakon warta | tinutur agalur | ature Sang Jayènglaga | kadipundi pikir dika kiyai |[183]
--- [f. 110v] ---
karsane Sang Nursewan ||
16. kawula igih dipun cidrani | dhatêng wau Sang Raja Nursewan | Betaljêmur ing dêlinge | sira pan ingong tatun[184] | apa wani marang sang aji | utawa lamun ora | Jayènglaga matur | inggih apurun kawula | lamun tuwan kawula ingkang ngajani | amusuh Sang Nursewan ||
17. Umarmaya latah-latah angling | bênêr têmên paman ujar dika | kang ati langkung sakite | Betaljêmur amuwus | iya payo ing mêngko bêngi | padha malêbu pura | iya mêngko dalu | padha gawa putri iya | putri kapir iya ngong ningkahkên kaki | nulya sira gawaa ||
18. padha muliha mring Pusêrbumi | apa gawemu nèng kene ika | wong duwe nagara dhewe | ya ta samya arêmbug | tan kawarna wau ing kawi | surupa sang yyang raditya |[185] wêktu mahrib wau | pan sampun sami asalat | Umarmaya para ratu dèn bisiki | mêngko sapungkur ingwang ||
19. ayya dèn ngati-ati mênawi | ana rame gumêr-gumrêrah |[186] aja atêtako[187] malèh | matur kang para ratu | pan sandika angati-ati | wayahe bakda ngisa | anulya lumaku | Jayènglaga Umarmaya | Umarmadi iya kang dadi pangirid | Betaljêmur Sri Nata ||
52. Sinom
1. nêngêna Sang Jayènglaga | ingkang lagya [la...]
--- [f. 111r] ---
[...gya] lampah sandi | kocapa sajroning pura | putri adi ing Madayin | Sang Rêtna Munigarim | kalangkung kawêlasayun | wau ingkang kaetang | kang nama Sang Jayèngmurti | sang dyah ayu kalangkung angarsa-arsa ||
2. padhang bulan lir raina | sêdhênge purnamasidi | wayahipun bakda ngisa | Rêtna Ayu Munigarim | pinarak kursi gadhing | nawarêtnanipun murub | pinarak palataran | ingayap kang para cèthi | para êmbana atarap anèng ing ngarsa |[188]|
3. ni mas rara kêpatihan | kang nama Dèwi Bêstari | apan sami ingkang karsa | lawan Dèwi Munigarim | lawan putri sang aji | Ni Manikêm namanipun | putra sêlir punika | apan ta sami alinggih | samya ngayap dhatêng Ni Rêtna Muninggar ||
4. Dèwi Muninggar ngandika | atakon mring para bibi | paran wartane ta biyang | ingong tuturana warti | dene pating barisik | ana apa jaba iku | matur pun babu inya | milane pating barisik | Jayènglaga gusti anuwun ganjaran ||
5. nang anggèr sinamayan |[189] dening rama dika gusti | kinèn malih angluruga | datêng ing Kaos nêgari | apan Sang Jayèngmurti | upamia botên purun | wau Sang Jayènglaga | arsane wau sang aji | pasthi wande apanggih lawan panduka ||
6. pradong-pradong [pra...]
--- [f. 111v] ---
[...dong-pradong] sang juwita | malêbêt ing jimên[190] wangi | bubar sagung kang parêkan | wruh gustinira wiyadi | apan sang raja putri | ngandika nèng jinêm arum | wong akèh tinundhungan | amung kari Ni Bêstari | wong têtiga pan sami arêrangkulan ||
7. Dèwi Muninggar ngandika | Dèwi Bêstari tinari | yayi paran karsanira | tuture si êmban iki | matur Dèwi Bêstari | kawula tan darbe kayun | manut karsa panduka | datan suwalèng ing kapti | Ni Manikêm umatur dhatêng sang rêtna ||
8. yèn suwawi ingutusan | ingkang nama Jayèngmurti | ecane manah kawula | ya ta Dèwi Munigarim | langkung bêbêk kang galih | tanbuh ing polahipun |[191] anibèng pasarean | gêgulinge dèn sungkêmi | sang dyah ayu têmahan wau karuna ||
9. lir sundari kapuwanan | ngiyêng lir pulung kapipit | ingkang sinambat karuna | amung kang rama sang aji | kaniaya kapati | nora wêlas maring ingsun | dhuh rama kaniaya | agawe rasaning ati | sidakêna ame[192] mantu Jayènglaga ||
10. pasthi yèn kawula pêjah | wande-wandea pêpanggih | kawula pan sêtya-sêtyan | singa kang cidra ing janji | pasthi anêmu pati | dhuh rama ajri katèngsun | nadya wande-wandea | iya aja têka [tê...]
--- [f. 112r] ---
[...ka] mami | pan cilaka wong kang cidra ing ubaya ||
11. ngong têdha angur matia | Muninggar ta[193] dêrman urip | dhuh si rama jawal kawak | têka ngowahi ing janji | sapa bisa nglakoni | ingkang kaya awak ingsun | Dèwi Sari Manikan | kalawan Dèwi Bêstari | aturnya rum sami anglêlipur manah ||
12. anggèr ta sampun karuna | amêmajang lara brangti | sarantosna benjang enjang | kawula adarbe budi | angling Sa Munigarim | yayi mas paran budimu | Ni Bêstari anêmbah | kawula akirim tulis | Jayènglaga kawula amrih praptaa ||
13. yèn sampun dhatêng ing pura | sakarsa-karsa ing jaji | suka galihe Muninggar | iya bênêr sira yayi | Manikêm angrambugi | sarêng wanci têngah dalu | warnanên ingkang prapta | Marmaya lan Jayèngmurti | Betaljêmur lawan Raja Baudhêngndha ||
14. kirang paran Umarmaya | pan sampun adarbe kandhi | barang saujare ana | mila tan ana udani | dènnya malêbèng puri | sampu rawuh ing kadhatun | ing kaputre[194] punika | Marmaya la Jayèngmurti | pan ajêjêp wau anèng palataran ||
15. katur dhatêng sang juwita | lamun Jayènglaga prapti | Marmaya lan Baudhêngndha | pan wontên ing latar sami | Ni Dèwi Munigarim | katur yèn kang raka rawuh | nulya wungu garegah | lir wong mati urip maning |
--- [f. 112v] ---
kathetheran sang rêtna mêdal ing latar ||
16. kasêmêkan kaleweran | gêlung lukar tat tinolih | sinjang kapidak kapêlag | sapraptanira ing jawi | Jayènglaga kapanggih | angadêg ing latar sampun | sang dyah mêndhak anêmbah | angaras padane singgih | wus jumênêng kinanthi ing astanira ||
17. ature lir guladrawa | dawêg pangeran suwawi | pinarêka anèng tilam | sampun kandhêg anèng riki | bisa têm wèh sakit |[195] dhuh sun ciwêl kaul ingsun | ayya ana kang paman | sang ayu binosah-babosih |[196] Jayènglaga sampun malabêt ing tilam ||
18. Dèwi Bêstari tangginas | Marmaya dèn gêgendholi | sarya sira cinathotan | Marmaya aguling-guling | dene sêlamêt ugi | de ana Betaljêmur |[197] Ni Manikêm sêmona | Marmadi dèn gêgablogi | Umarmadi anuya[198] ambêrik jaja ||
19. wu sami manjing ing têpas | sêkawan sarêng alinggih | langkung sami sukanira | kang dèn ajapa rina wêngi |[199] mangke apan kaspanggih[200] | kalangkung pirênanipun | Munigarima anêmbah |[201] kawula mêtur[202] sang pêkik | dengarèngne[203] pangeran bêkta wong kathah ||
20. alah ta wontên punapa | dene lumêbêt ing puri | Jayènglaga angandika | mirah lakuningsun iki | ye sira
--- [f. 113r] ---
tuhu asih | sêtya têmên maring ingsun | wong ayu ingong ningkah | muktia nèng Pusrêbumi | amarentah narendra sèwu nagara ||
21. lah priye aturira |[204] matur Dèwi Munigarin | kawula rumiyin mila | inggih batinnya |[205] sakarsa Jayèngmurti | malêbua gêni tumut | Jayènglaga angaran | dhuh gustiku ngawal akir | apasraha mri paman Madyèng Galuga ||
22. wong ayu sira sun ningkah | sang dyah tan lêngganèng kapti | saksana sampun anikah | Marmaya lawan Marmadi | wu dadya said kalih | kang pangulu Betaljêmur | sampun dènira ningkah | nuli Ni Dèwi Bêstari | wus dèn ningkah kapanggih lan Umarmaya ||
23. Ni Dèwi Sari Manikan | dèn nikah mri Umarmadi | tan ana suwalèng karsa | sêdaya pan sampun kawin | angling Sang Jayèngmurti | payo dadana wong ayu | sira nuli sun gawa | matur Dèwi Munigarim | wong satunggil pangeran bêkta punapa ||
24. angling Rade[206] Umarmaya | dika aranana gusti | punapa kang dika bêkta | kawula sanggup mikuli | sampun dipu wastani | kang binêkta sang dyah ayu | sigra Ki Umarmaya | mêngakakên kang kêkandhi | kasang-kasang maloponga[207] ta dèn wiyar ||
25. sampun mênga punang kasang | anggobla[208] lir lawang kori | ya ta sang putri têtiga | sampun malêbu kêkandhi |
--- [f. 113v] ---
sapawongane sang putri |[209] kalawan kagunganipun | wu kalêbu kêkasang | ing dalêm tan ana kari | tumpak lawak kawot kalêbu kêkasang ||
26. Marmadi lan Jayènglaga | samya ebat aningali | Betaljêngmur suka-suka | si kulup nyata yèk[210] sêkti | tan winarna ing kawi | wong sakawan sarêng mundur | wanci bangun raina | kawingking ing dalêm puri | dènnya mêdal kawiking ing dalêm pura ||
53. Pangkur
1. wong dalêm nangis gumrêrah | tangisipun kadya ombaking jaladri |[211] katur dhatêng sang aprabu | kang putra kalih ical | pan katiga Ni Bêstari datan kantun | binêkta Sang Jayènglaga | katiga sarêng nawêngi ||
2. Nursewan kalangkung duka | wêdana bang jaja lir mêtu gêni | nulya miyo[212] sang aprabu | pinarak pagêlaran | pêpaka jêjêl prajurit para tumênggung |[213] bupati lawan satriya | pêpak kabèh samya nangkil ||
3. Raja Nursewan ngandika | payo Bêstak kêbutna kang prajurit | sadaya ayya na kantun | gêpukên Jayènglaga | anak ingsu ginawa ing wau dalu | Si Manikêm Si Maninggar | katêlu anakmu patih ||
4. barêng sawêngi ginawa | poma Bêstak gêpukên Jayèngmurti | sawadyène[214] Jayèngsatru | wong
--- [f. 114r] ---
tan kêna ingeman | lumuh têmên ginawe ing bêcikipun | sampun samêktèng ayuda | anulya bubar ki patih ||
5. samarga aundhang-undhang | lah kêpungên pondhoke Jayèngmurti | aja marajol[215] puniku | ayya na kaliwatan | kang prajurit punggawa myang anung-anung | mêngko batur dèn atata | andum jarahane sami ||
6. wus prata nèng pasanggrahan | wus kinêpung pondhoke Jayèngmurti | wong Arab kagyat andulu | katur mri Jayènglaga | para ratu kinèn barisa mêtu |[216] wong Madayin kagawokan | dene têka angajrihi ||
7. ya ta sarêng kapapag |[217] wong Madayin langkung dènira wani | wong Arab iya pan purun | sarêng ayun-ayunan | Alamdahur gadane binuwang muluk | tinadhahan asta kiwa | nulya Raja Umarmadi ||
8. gada binuwang ing tawang | tinanggapan wau ing asta kering | pan sarya surak gumuruh | apan kabèh mangkana | kang prajurit wong Arab sabalanipun | sami dipun karya oncangl[218] | tinanggapan asta kering ||
9. wong Madayin sigra mulat | ing tandange wadya ing Pusrêbumi | kalangkung [kalang...]
--- [f. 114v] ---
[...kung] ebat andulu | sumaput panonira | samya kakês[219] manahe sami angrutuh[220] | mendah tibakna maringwang | gadane ika gumlêthik ||
10. wong Madayin kamagilan[221] | aningali polahe wong Pusrêbumi |[222] sapa mukti sapa lampus | ya ta akèh lolosan | anglalosi prajurit akèh kang mundur | api-api ngambil jimat | wênèh sanggup sangu kari ||
11. wong Madayin nolih wuntat | Baundhêngdha[223] angatag wadyanèki | payo rampagên dèn gupuh | ayya na kaliwatan | wong Madayin manahe ajrih kalangkung | wong Arab lir singa kurda | gègèr wadya ing Madayin ||
12. Kya Bêstak lan Kistaham |[224] palayune tiba saking turanggi | aburangkangan lumayu | Bastat[225] ngadêg dinugang | Ki Kistaham yèn tiba nulya sinandhung | lagya tangi ingatenan[226] | angadêg dinugang malih ||
13. katur mri Raja Nursewan | Jayènglaga ngamuk dhatêng mariki | wadya tuwan sarêng lêbur | nulya Raja Nursewan | palayune ba tangi lir binuru |[227] nusup nèng obong-obongan | pundirangan
--- [f. 115r] ---
kêmpis-kêmpis ||
14. nulya ingantup kalabang | sri bupati lumayu niba tangi | nulya binuru ing asu | sang nata gudam-gudam[228] | wus andhêlik anèng kêbon sang aprabu | anulya binuru menda | palayune niba tangi ||
15. anjêngking anèng pawuhan | êbolipun dèn kalalori[229] cacing | anggudam kagyat lumayu | sang nata wus katuran | Jayènglaga bilu lan sabalanipun | tan ana ing kara-kara | anulya bungahe mijil ||
54. Mijil
1. dyan warnanên wau Jayèngmurti | kasu katong |[230] gumrê umyung gamêlan syarane | Sang Jayèngmurti |[231] lan para narpati | dene sampun kumpul ||
2. Umarmaya wus kinèn ing Amir | miyosakên kang wong | Umarmaya sigra age-aga |[232] ngêbuk kasang pan mênga pribadi | apan sampun mijil | sang putri katêlu ||
3. têkan parêkane kabèh mijil | kawan dasa kang wong | karangulu kasur lan babute | putri katiga sadarbèke mijil |[233] [...] |[234] saking kasang sampun ||
4. Munigarim tumèpèl[235] saking wuri |[236] Sang Jayèngpalugon | lir Kamajaya lan Ratihe |[237] prutri ayu kakunge asigit | Ni Dèwi Bêstari | alinggih nèng pungkur ||
5. pan tumèmpèl ing gigiring laki | apatut kalaron[238] | langkung-langkung wau
--- [f. 115v] ---
ing sukane | Ni Manikêm alinggih sumandhing | nênggih marang laki | Baudhêngndha mungguh ||
6. Jayènglaga angandika aris | paman Betaljêngmor | ningkahêna arèningong age | Ni Sajarahbanun putri Mêsir | panggiha tumuli | lan Maktal Sang Prabu ||
7. srikawinipun mas kawan tail | sinêksenan kabèh |[239] Betaljêmur ingkang ningkahake | sasampunira akawin |[240] Maktal angabêkti | marang Jayèngsatru ||
8. tuwuk kasukana Sang Jayèngmurti |[241] lawan para katong | Betaljêngmur mêdal warayate | alah kampun[242] kaki Jayèngmurti | ayya anèng ngriki | tan bêcik dinulu ||
9. sira mantuka mri Pusrêbumi | akarya kêdhatongn[243] | dene pêrnah dagane ramane | kira-karanên[244] kaki ing benjing | jêmbaring nagari | kawrata ratu sèwu |[245]|
10. apan nora nana kaki benjing | ujaring wiraos | wong angratu kang kaya dhèwèke | ratu abala ratu lingnuwih[246] | gamêlmu pakathik | lêlurahe ratu ||
11. dèn agêdhe sukurira mri Widi |[247] iya mri Yyang Manon | karo Kya Umarmaya poma sira radèn |[248] dèn nastiti ujare wang iki | poma alya lali | kang anom kang sêpuh ||
--- [f. 116r] ---
12. Umarmaya lawan Jayèngmurti | angabêti[249] karo | dhatêng Arya Betaljêngmure |[250] Betaljêngmur angandika malih | alah payo kaki | bubarna tumutur ||
13. ungkur-ungkuran manira mulih | nulya sarêng badhol[251] | Betaljêngmur mulih mri dalême | samapun bubar sabalane Amir |[252] wadya dulur asri | lampahe adulur ||
14. kang katrajang kayu wana gusis | mawut sakèh uwong | Umarmaya kalangkung sukane | munggèng tandhu kalihan kang rabi | sakèh aningali | asuka gumuyu ||
15. ing wingking rêbab lawan suling |[253] ganjur lawan saron | nyata dene Marmaya angkuhe | wingkingira ta Ki Guritwêsi | sabalane gêndhing | pun Tanus Tantanus ||
16. gumrê gumuruh samargi-margi | tri ari tan pêgot | saking gunge wau gêgamane | sampun kawingking nagri Madayin | kêbat kang lumaris | kasmaran kang dulu ||
55. Asmaradana
1. sigêgêng ingkang lumaris | Jayènglaga sabalanya | warnanêngn wau sang katong | Ngabdul Muntalib winarna | anèng ing dalêmira | apan pinarak pitêkur | kalawan wau kang garwa ||
2. kang garwa matur wotsari | pangeran ta kapan prapta | nak ingong Jayèngpalugon | kawula kangên kalingntang[254] | dhuh putraningsun Ambyah | sêsunu [sê...]
--- [f. 116v] ---
[...sunu] darma angaku | tan tuwuk amamong[255] sira ||
3. Ngabdul Mutalib[256] nauri | lah yayi kinapakêna | sampun karsane Yyang Manon | pirabara ta ing benjang | sira amanggih wirya | eca lagya gunêm catur | kasaru gègèr ing jaba ||
4. rawuhe Sang Jayèngmurti | kang wadya ratu satriya | lajêng mri bakal kadhatongn[257] | nanging wau Raja Maktal | kang dadya tukang praja | dene langkung wasisipun | ginarap wong pirang lêksa ||
5. Wong Menak lajêng mri puri | kalawan Ki Umarmaya | tan kari lawan garwane | sapraptane ngarsanira | kalih sarêng anêmbah | ngabêkti mri rama ibu | kang ibu asru karuna ||
6. adhuh gusti putra mami | ingong darma ngalairna | dene lawas anèng andon | kalangkung kangên manira | dhuh putraningsun nyawa | sokur sira putraningsun | rinêksa dening Pangeran ||
7. warnanên kang para aji | parentahe Jayènglaga | kinèn akarya kadhaton | Jayènglaga ingaturan | dene kang para nata | sampun dados kang kadhatun | Sang Jayènglaga tumêdhak ||
8. lawan wau kang rayi |[258] miwah Radya Umarmaya | kalawan wau garwane | mêdal saking dalêm pura | sami dharat kewala | pan pinêthuk para ratu | prajurit lawan patriya[259] ||
9. anulya [anu...]
--- [f. 117r] ---
[...lya] sami lumaris | dhatêng ing kadhaton nyanyar[260] | sira Sang Jayèngpalugon | gumuruh syaraning jalma | garêbêg Jayènglaga | ing marga asrang asêlur | ingkang nusul kang kapapag ||
10. datan kawarna ing margi | lampahe Sang Jayènglaga | lan sawadyabala kabèh | wus prapta kadhaton anyar | kandhêg ing pagêlaran | tiningalan wus abagus | lajêng dhatêng sitibêntar ||
11. ya ta wau Jayèngmurti | kadhaton dèn sawang-sawang | sampun asae rakite | lajêng mri kadhaton pisan | sakèh wijil katingal | wus asae rakitipun | tan ana kang winaonan ||
12. suka tyase Jayèngmurti | dhatêng wau ra Maktal |[261] wasis angreka kadhaton | mangkana Sang Jayènglaga | malêbêt dalêm pura | lawan wau garwanipun | êmban inya lan pawongan ||
13. wus ngadhaton Jayèngmurti | ingayap dening biyada | langkung suka sawadyane | anèng mandhapa kawuryan | miwah Dèwi Muninggar | langkung suka rênanipun | kang raka ngadhaton nulya ||
14. pan dadi pakuning bumi | ing Jawa lan tanah sabrang | sira Mir langkung wiryane | prajurit tanpa sisihan | wus mukti awibawa | lan sakulawarganipun | apanjang yèn cinarita ||
15. nêngêna Sang Jayèngmurti |
--- [f. 117v] ---
lan wau sawadyanira | ingkang sampun angadhaton | nênggih wau kawarnaa | ya ta Raja Nursewan | sawulan maksih angungun | duk lumayu nunjang-nujang |[262]|
16. sêmana Raja Madayin | apan lagya pagunêman | anèng sajroning kadhaton | kalawan Ki Patih Bastak | sami arêrêmbugan | Raja Nursewan amuwus | Bastak paran budinira ||
17. dene tingkahe Si Amir | apadene Umarmaya | têkan Si Jêngmbungl[263] angkuhe | langkung wirang têmên ingwang | baya angur matia | ingkang kaya awak ingsun | dene ta kaliwat-liwat ||
18. ing mêngko Si Munigarim | ginawa mri Jayènglaga | lah Bêstak ing karsaningong | ya asuka uninga |[264] mri Prabu Kaos ika | yèn bakale dipun arêbut |[265] mring Wong Menah[266] Jayènglaga ||
19. eca agunêm kawis |[267] kasaru gègèr ing jaba | gumrê syarane ponang wong | wong mêntas kaburu anyar | ya ta mulat gêgaman | pirang pandêlêng malêdug | kadya wana kawêlagar ||
20. sigra anata kang baris | mila sami bathithitan | Nursewan lawan patihe | dèrèng amiyarsa warta | mirsa syara kewala | kang cahya ilang apayus | mugah tumurun Nursewan ||
21. utusan Sang Prabu Jobina |[268] dhatêng [dha...]
--- [f. 118r] ---
[...têng] Sang Raja Nursewan | wus prapta wau ngarsane | matur nêmbah kang utusan | kula ngutus patikbra | raja ing Kaos Sang Prabu | inggih marak mring panduka ||
22. Raja Nursewan nglingnya ris | age Bêstak amapaga | lah sira mêtua kabèh | saosa suguh dèn kathah | Sang Prabu Jobin ika | ki patih nêmbah umatur | kawula inggih sandika ||
23. wu lèngsèr ngarsaning aji | datan kawarna ing marga | ki patih panggih sang katongn | suwawi dika katuran | dene rama panduka | asangêt ing kangênipun | rama panduka sri nata ||
56. Sinom
1. Prabu Jobin wus lumampah | Ki Bêstak ngiring nèng wuri ngarsi |[269] gumuruh kang wadyabala | pinêlak lampahing baris | datan kawarnèng margi | praptèng jawi ngalun-alun | gêpah Prabu Nursewan | miyos saking dalêm puri | pan pinaraka sang nata ing pagêlaran |[270]|
2. siniwi nèng pagêlaran | dêmang ma mêmalan[271] prajurit |[272] ajajêl nèng pagêlaran | lir sagara tanpa têpi | datan kawarna ing margi |[273] Sang Prabu Jobin wus rawuh | kering mri Patih Bastak | ing panangkilan wus prati | Sang Nursewan dhak saking sitibêtar[274] |[275]|
3. ya ta wau sri narendra | cudhuk rinangkul Sang Jobin [Jo...]
--- [f. 118v] ---
[...bin] | Sang Jobin nungkêma[276] pada | binakta sarêng alinggih | ing amparan mas gadhing | pinatik ing rêtna mancur | kinubêng ing punggawa | yèn dinulu angajrihi | Sang Nursewan kalangkung marwata suta ||
4. Sang Jobin alon aturnya | mila marak mri sang aji | kawula amirsa warta | yèn putra panduka aji | tuwan panggihkên singgih | lawan Menak Jayèngpupuh | dene ta nora kayaa |[277] alami kawula anti | têmah mangke tuwan panggihakên liyan ||
5. anjêngèk Raja Nursewan | muwus sarta ngêtrog[278] wêntis | tobat-tobat turun ping sawidak |[279] ye mangke sang putra kalih | karo padha dèn util | anake Bêstak katêlu | kula pan kalampahan | kawula dèn jamalani | alah inggih bathuk kasi babak bungdhas[280] ||
6. Sang Raja Jobin aturnya | yèn mangkotên Jayèngmurti | kula lurugane Mêkah | angrêbut Ni Munigarim | Nursewan asrua angling |[281] iya lêga têmên ingsun | inggih rêmbug kawula | dika unggahi Si Amir | apan lila pêjahana Amir Ambyah ||
7. kawula pan batên nêdya | mêmantu olèh Si Amir | mung dika ngong arsa-arsa | ing siyang kalawan latri | nulya Sang Raja Jobin | ngawe kapêtênganipun | apan prajurit kêmbar | kalangkung [ka...]
--- [f. 119r] ---
[...langkung] dene asêkti | tautate anigas murdaning nata ||
8. wus prapata[282] ngarsa nata | angandika Prabu Jobin | Sungsang Sarik lah mênyanga | mri nagri ing Pusrêbumi | aturna layang mami | iya marang Jayèngsatru | sira sêsandêrona | ayya liyan kang nampani | layang ingwang yèn dudu Si Jayènglaga ||
9. Susang[283] Sarik atur sêmbah | pan sampun atampi tulis | pinundhi punang nawala | sakawan sampun apamit | wau pun Sungsang Sarik | kalawan pun Malang Mujur | mudur saking ngajêngan | sakawan wus nitih wajik | nandêr maprung kang sinêdya nagri Ngarab ||
10. warnên ingkang lumapah |[284] Malang Mujur Sungsang Sarik | kang marang nagara Ngarab | lampahe lir kilat thathit | sêmana sampun prapti | jawining kitha ambanjur | sigêgên kang kocapa | warnanên Sang Jayèngmurti | pan sineba anèng pagêlaran anyar ||
11. pinaran[285] munggèng dhêdhampar | kêncana adi rinukmi | murub ingkang nawarêtna | sêsotya lir litang ngalih | ingayap para cèthi | sakèh bêboyonganipun | angampil upacara | dene sagunging nrêpati | ya ta angndhèr[286] munggèng ing ngarsa sadaya ||
12. tumungkul sami alênggah | muka lir kajêngm[287] ing siti | apan awarna-warna |[288] kang munggèng
--- [f. 119v] ---
ngarsa kapering | lancaran pajang asri | wau ta Sang Jayèngsatru | sagung para pandhita | myang sagunging para wali | kang atapa sami tumêdhak sadaya ||
13. mila tumurun sadaya | pandhita lan datuk wali | mukmin salèh lan ambiya | apan sami angèstrèni | dhatêng Sang Jayèngmurti | dènnya amurwèng kadhatun | akukuh salamêta | lan malih sami ngidèni | Jayènglaga sinêbut sultan ing Mêkah ||
14. ya ta ucapên kang prapta | Malang Mujur Sungsang Sarik | anjog tan mawi larapan | gita sagung kang anangkil | nulya pinapaga aglis |[289] mri Sang Raja Lamdahur |[290] ragane sira tduta[291] | sumaur radèn sayêkti | kang tinanya alon dènira angucap ||
15. manira Kaos nagara | utusane Raja Jobin | angaturakên nawala | dhumatêng Sang Jayèngmurti | manira Sungsang Sarik | kalawan pun Malang Mujur | gêpah prabu ing Selan | matur dhatêng Jayèngmurti | wontên duta seking[292] ing Kaos nagara ||
16. angaturakên nuwala | dhatêng ing paduka gusti | age sampun tinimbalan | tan adangu nulya prapti | Maktala anapa aglis |[293] duta ngêndi ingkang rawuh | angling kang sinung
--- [f. 120r] ---
ujar | utusane Prabu Jobin | ngaturakên nuwala mring Jayènglaga ||
17. nuwala sampun tinampan | dene Prabu Selemiring[294] | binuka sêrat winaca | pèngêt layang ingsun Amir | dene asugih wani | angrabut pacangan ingsun | lah sira aturêna | Rêtna Dèwi Munigarim | lawan ingsun lawana sira asebaa |[295]|
18. yèn nora sira turêna | Rêtna Dèwi Munigarmirim |[296] saosa ulês kang aba[297] | agawea luwang dhingingn | tan wurung sira mati | Amir dene tangan ingsun | nadyan sira gêsanga | prasasat wus angêmasi | sira Ambyah wus kagêm ing astaningwang ||
19. tan tug amaos sêrat |[298] dikakakên anyênyuwir | nulya sinuwèk kang sêrat | tinapukakên ing rai | apan ta Sungsang Sarik | Malang Mujur sarêng kagum | arsa narik curiga | masisan dipun taboki | dhawul-dhawul sêsumbar bari lumajar ||
20. lumayu ajulalatan | Malang Mujur Sungsang Sarika |[299] ya ta wau Jayènglaga | ngan ngandika kang pra prajurit |[300] kabèh dèn ngati-ati | karyaa sira têtarub | pasang rakiting ayuda |[301] nora wade[302] anêkêni | ya Si Jobin dhatê[303] nagara ing Mêkah ||
21. kondur ngêdhaton sêmana |
--- [f. 120v] ---
wau ta Sang Jayèngmurti | gumuruh syaraning bala | ingkang sami bubar nangkil | samya prayitnèng wèsthi | apan sarêng bubaripun | ya ta datan kawarna | wadyabala Pusrêbumi | kang kocapa nagri Madayin sêmona ||
22. sêdhênge lagya sineba | kalawan Sang Prabu Jobin | pêpak wong Kaos nagara | kang arsa bubar ngajurit | dhatêng ing Pusrêbumi | miwah wong Madayin kumpul | sapraboning ayuda | yèn tinon lir gunung gêni | pan gumuruh kang arsa yuda kênaka ||
57. Pangkur
1. Sungsang Sarik kawarnaa | lampahira saking ing Pusrêbumi | prata ngarsane sang prabu | matur sarwi karuna | kang nampani nuwala wong agêng luhur | sampun nuwala binuka | kawula dipun taboki ||
2. ayya kudu ngago layang | lamun wani kapan têka Si Jobin | sang nata kalangkung bêndu | datan angago tat |[304] pan anitih matêngga wau sang prabu | pratamèng angagêm gada | mlir[305] Baladewa ngajrihi ||
3. Nursewan anitih liman | nulya bubar wau kang ngiring baris | gong bèri umyang gumuruh | têtêg kadya butula | asrang awor pangriking kuda abarung | wus budhal saking nagara | lampahe Sang Raja Jobin ||
4. ya ta kêbating carita | Raja [Ra...]
--- [f. 121r] ---
[...ja] Jobin lan prabu ing Madayin | ing Pusrêbumi wus rawuh | atata pasanggrahan | Prabu Jobin sampun masanggrahan wau | anulya nêmbang gamêlan | lan sagung para prajurit ||
5. gumêdrê arak-arakan | gêndhing umyu[306] miwah lêbêt lan jawi | ingkang kasukan gumuruh | nêngêna tan kawarna | akang kocapa wau Sang Pramodèngsatru |[307] bubar saking ing nagara | arsa manggihi têtami ||
6. tan kawarna lampahira | Jayènglaga ing pabarisan wus prapti |[308] lan prajurita prara[309] ratu |[310] atata pasanggrahan | têpung mubêng pamondhokan para ratu | Jayènglaga masanggrahan | apan kasatput[311] ing wêngi ||
7. ya ta sang prawirèng yuda | anibali sagung para nrêpati | lan pra prajurit wu kumpul | andhèr munggèng ing ngarsa | tan antara gamêlan tinêmbang ngukung | angrêrangin piniyarsa | mubêng wau punang larih ||
8. wong kapir nimbangi sigra | gamêlane pan munya angrêranging[312] | atibalan sênggakipun | samya aciya-ciya | wong Madayin lir singa lodra dinulu | agawe ganggasing karya | batine sampun angucir ||
9. ing dalu datan winarna | Jayènglaga miyosi ing ajurit | pinarak anèng têtarub | munggèng amparan êmas | pan pinatik ing nawarêtna mas mancur | sineba mring para nata | miwah satri
--- [f. 121v] ---
prajurit |[313]|
10. Sang Prabu Kaos nagara | apan sampun wau miyosi jurit | pinarak têtarub agung | sineba pra punggawa | pan pingnarak munggèng ing têtarub agung | nèng wijahan palorêtna | lawan wadya ing Madayin ||
11. Prabu Kaos angandika | Sungsang Sarik mêtonana ngajurit | tatangên[314] Si Jayèngkewuh | Sungsang Sarik anêmbah | sampun mundur saking ngajêngan ta wau | sampun sami nitih kuda | asumbar-sumbar ngajrihi ||
12. lah payo amêtonana | Jayènglaga mêtua aku wani | ayya angadu balamu | padha wong suramrata | age-age papagêna tandang ingsun | sapa kang arsa palastra | papagêna tandang mami ||
13. Sang Jayènglaga ngandika | Tanus Tanus sira mêtua jurit | sigra pun Tanus Tantanus | Sungsang Sarik ta mara | amit gyang[315] atur sêmbah |[316] mangsah ngrana |[317] saksana sarêng kapanggih ||[318]
14. Sungsang Sarik asru ngucap | sapa ranmu iya prajurit kalih | aranku Tanus Tantanus | Sungsang Sarik amara | age-age sira numbaka karuwun | wus ilang lêksananira | ing nguni ingsun taboki ||[319]
15. Sang Jayènglaga ngandika | Tanus Tanus sira
--- [f. 122r] ---
mêtua jurit | sigya[320] pun Tanus Tantanus | amit gya atur sêmbah | mangsah ngrana kalih samya ngagêm lawung | anandêr marang ing rana | saksana sarêng kapanggih ||
16. Sungsang Sarik asru ngucap | sapa ranmu iya prajurit kalih | aranku Tanus Tantanus | Sungsang Sarik ta mara | age-age sira numbaka karuwun | wus ilang lêsananira[321] | ing nguni ingsun taboki ||
17. Sungsang Sarik sru bramantya | sarêng numbak kalih sami ngijèni | pan sami wasis ing lawung | rame watang-winatang | salang gêbang anumbak têmbung-tinêmbung | larape wastra lir kilat | samya suka aningali ||
18. rame gêbang-ginêbang |[322] kasaliring Sungsang Sarik dèn larihi |[323] kêna lambungipun wau | aniba saking ing kuda |[324] kalih pisan wau datan kantun |[325] kalih samya datan pasah | nanging samya mutah gêtih ||
19. wong Arab surak gumrêrah | Sungsang Sarik sampun dipuna gasongi |[326] anulya pun Malang Mujur | kakange kaprawasa | amit nêmbah wau dhatêng sang aprabu | ingidèn nulya tumandang | nandêrakên kudanèki ||
20. kapanggih ayun-ayunan | Malang Mujur angling sarwi nudingi | lah payo Tanus Tanutanus |[327] lêkasana anumbak | Natèng Yunan angling iya Malang Mujur | wus ilang lêksananira | uni sira ngong taboki ||
21. Malang Mujur
--- [f. 122v] ---
sigra numbak | panumbake sarêng sami ngijèni | asilih ukih ing lawung | rame gêbang-ginêbang | Tanus kêna tinumbak lambunge wau | aniba saking turăngga | sigra Tanus anglarihi ||
22. arame watang-winatang | Malang Mujur sigra tinumbah[328] algis[329] | aniba kalih lumayu | anandêrakê[330] kuda | lir ingobar samana rasaning tatu | pan iya nora pasah |[331] kalih sarêng mundur jurit ||
58. Durma
1. kadya guntur surake wadya ing Arab | bêndu Sang Prabu Jobin | dene andêling prang | sami mundur katawan | ya ta sira Natèng Prêngging | amit anêmbah | arsa mangsah ing jurit ||
2. Raja Jobin angling dudu tandhingira | ingsun dhewe nindaki | angling Sang Nursewan | inggih lêrês punika | angmung[332] ngabên pra prajurit | tapa[333] wêkasan | măngsa nănggaa Amir ||
3. Prabu Jobin sigra anitih matêngga | apalana rinukmi | lir ujalan surya | pratame[334] ngagêm gada | gada wawrat sèwu dhacin | mangsah ing rana | kêmbulan ing ajurit ||
4. lir sinêbit talingane Jayènglaga | bêndunira sinipi | kuda Kalisahak | pan sampun tinitihan | amutêr gada ngrajrihi | pun Samadiman |
--- [f. 123r] ---
sampun mangsah ing jurit ||
5. praptèng rana wus panggih ayun-ayunan | lawan Sang Raja Jobin | sapa ranmu baya | amapagakên ingwang | sumaur kang dèn takoni | sira tan wikan | ya ingsun Jayèngmurti ||
6. kang sinuhun kang sinunggi mring wong Mêkah | lakine Munigarim | kowe silih sapa | kapir apêksa lancang | payo tandhing ing ajurit | Sang Jobin ngucap | payo mupuha dhingin ||
7. Jayènglaga angucap sêmu bramantya | tan arsa andhingini | payo Jobin sira | lêkasana agada | ping tiga ingong malêsi | yèn ingsun gêsang | suka Sang Raja Jobin ||
8. iya ingsun ratu ing Kaos nagara | jêjuluk Prabu Jobingn[335] | payo amupuha | Amir marang manira | êndi ingsun cicip-cicip | gêgarutira | sarya latah sang aji ||
9. Jayènglaga angucap sêmu bramantya | tan arsa andhingini | payo Jobin sira | nuli sira gadaa | ping talu[336] ingsun malêsi | padha prawira | suka Sang natèng Jobin ||
10. wus akudhung parise waja Wong Menak | nulya pinupuh aglis | lir gêlap sayuta | gada nêmpuh parise waja |[337] sangêt pamupuh nêrpati | kang paris waja | murub kang api |[338]|
11. datan emut sumungkêm anèng kêkapa | katriwandhan [katriwandha...]
--- [f. 123v] ---
[...n] Sang Amir | surak wadya kopar | kadi ta gunung bêntar | awor surak wong Madayin | Prabu Nursewan | aloke Amir mati ||
12. sampun mundur sapih ingkang bandayuda | apan kasatuput wêngi |[339] sampun masanggrahan | mungsuh kalawan rowang | wong kapir bungah kapati | nêmbang gamêlan | umung gumuruh asri ||
13. Umarmaya sungkawa ing manahira | mirsa kang rayi kaningn[340] | anadêr kelwala[341] | apan sarwi karuna | wus prapta sira | datan karwarna ing margi | wus prata sira | pasanggrahane Amir ||[342]
14. pan kapanggih wau sami tinangisan | dene para prajurit | pan sinambat-sambat | Marmaya sarêng prapta | kang rayi dèn sungkêmi |[343] datan karuna | asru tobat Yyang Widi ||
15. pira-pira pênanglangsane Umarmaya |[344] asru tobat ing Widi | ngrasa sisipira | anjêngtung[345] tanapa ngucap |[346] anutuh wau kang dhiri | gêtun kalingtang | pitêkur dènnya linggih ||
16. pan adangu Marmaya joto kewala | dadya tingalannya wêning |[347] ya ta angandika | Rahadyan Umarmaya | mri sakèhe pra nirpati | pangeranira | undurêna kariyin ||
17. mri nagara kauningana kang garwa | miwah kang kadang wargi | dene ing pabarisan |[348] ingkang [ing...]
--- [f. 124r] ---
[...kang] nindhihi yuda | yayi Radèn Amirojil | iku ngo[349] karya | gêntine Jayèngmurti ||
18. Amirojil kang sadhèrèk tunggal rama | lawan Sang Jayèngmurti | milane prakosa | sêsilihe kang raka | yèn nora mangkono singgih | dèn byok ing kathah | dene Sang Raja Jobin ||
19. sampuna rêmbug sakathahe para nata |[350] ayya na kang baribin | padha kasukana | darapon ja katara | Jayènglaga ngranuhi |[351] rêmbuga sadaya |[352] nulya anêmbang gêndhing ||
20. Jayènglaga tinitihakên jêmpona | mri Prabu Selamiring | pan sampun binêkta | mantuk mri dalêm pura | ginrêbêg ing prajurit |[353] wong kawan dasa | kêmbar ingkang jajari ||
21. tan kawarna ing marga praptèng nagara | wus prapta dalêm puri | munggèng ing mandhapa | sakyèh kang para garwa | sira Mir mundur ing jurit | anandhang brana | gumrê syaraning tangis ||
22. Ni Muninggar tangise kalara-lara | sêsambate mlasasih | dene ingkang raka | padane ingkang raka | apan sangêt kantaka | padane dipun sungkêmi | ayya karuna | pabayunira[354] kalih ||[355]
23. pan sumukê[356] anyegol[357] anèng ing pada | angling Sang Jayèngmurti | nimas ariningwang | ayya nungkêmi pada | dèn mandhuwur kene dhidhik | sang dyah tumragal | atunggal ulês guling ||
24. ênêngêna wau sang prawirèng yuda | ingkang akarona rêsmi |[358] ya ta kang
--- [f. 124v] ---
kocapa | panjange kang carita | wontên kang kawuwus malih | nagri Ngajêrak | iya nagara ngêjim ||
25. bisikane Sang Prabu Kalabahona | adarbe putri siji | apelag ingkang warna |[359] nênggih kêkasihira | Rêna[360] Dèwi Mayawati | amung satunggal | ingugung yayah bibi ||
26. ayunira datan ana ingkang meba | Dèwi Asmayawati | putri jim punika | lir kancana sinawang | ye mèsêm agawe brangti | adanar-danar | kuninge putri ngêjim ||
27. parêkane kewala lan putri jalma | ayu parêkan êjim | nênggih cinarita | ya ta Prabu Ngajrêrak | ing mangke ingkang nêgari | binaya mangap | kinêpung wakul singgih ||
28. kang angêpung nênggih nagri ing Ngajrêrak | apan ratu rasêksi | nagara Jabalkap | Raja Satobuwana | punika apan ngarsani | putri Ngajrêrak | iya sangêt tinampik ||
29. milanipun Ngajrêrak arsa ginêcak | wadya jim sangêt wiwrin | apan sang dênawa | galak-galak arosa | tan sotah gada abacin | pan sabên wulan | salobogan gumangnti[361] ||
59. Asmaradana
1. mêngkana Sri Narapati | Ngajrêrak dalu supêna | ujaring syara mangkono | hèh iya sri naradipa |
--- [f. 125r] ---
yogyane musuh para | iya iku kang alêbur | Menak Jayènglaga Ngarab ||
2. poma iku dèn kapanggih | ingkang nama Jayènglaga | kang ngrusak ing mungsuh kabèh | dene ta sultan ing Mêkah | lah age aturana | ujaring wali wus tutug | kagèt awungu sang nata ||
3. pêpunguna sri narapati |[362] ketang ing supênanira | bangun raina wayahe | saksana raina tatas | mijil sang yyang raditya | sang nata pinarak wau | kapirangu sri narendra ||
4. anulya dipu[363] tibali | kang rayi sri naradipa | nulya prapta tan asuwe | Sadatsatir nèng ngajêngana |[364] mangrêpa atur sêmbah | angandika sang aprabu | hèh yayi ing karadenan ||
5. lah sira sun kakon[365] yayi | marang ing nagara Ngarab | lah aturana marene | ya Sang Jayènglaga Ngarab | lah yayi dèn katuran | dene ta pêca ing dalu | tulung nagara ing Ngajrêrak |[366]|
6. mung Sultan Wiradimurti | ingkang anglêbur danawa | iku ujar supênane | lah age yayi mangkata | poma dipun katuran | iya Menak Jayèngkewuh | dèn pintêr ing aturira ||
7. nulya Radèn Sadatsatêr |[367] nêmbah lèngsèr king ngajêngan | wus mêdal wau lampahe [lampah...]
--- [f. 125v] ---
[...e] | sinêdya nagara Ngarab | Sadatsatir ngambara | miling-miling kadya jangkung | wus awor lan mega pêthah ||
8. nêngêna kang anèng langit | Radèn Sadatsatir ika | kocapa Jayèngpalugon | ingkang lagya pêpasihan | lali yèn manguna yuda |[368] kalawan garwanipun |[369] kalawan Dawi[370] Muninggar ||
9. ya ta wau Jayèngmurti | pan mêntas pulang asmara | apan ta manggung karêsmèn | kang lagya pêpasihan |[371] kalawan garwanira | sasampune pulang lulut | midêr-midrê[372] nèng tamanan ||
10. sakèhe puspita sari | ingkang ingamêng-amêngan | Wong Menak kagyat tingale | aningali ing ngiringan | ana wong mêndhak-mêndhak | warnane tuhu abagus | mangrêpa ngasorkên raga ||
11. sinapa mri Jayèngmurti | hèh sira iki wong apa | tanpa sangka ing têkane | mêndhak anèng ngarsaningwang | matur radèn sawêtca | ngêndi wismane satuhu | kang tinanya atur sêmbah ||
12. Jêng Gusti Jayadimurti | pan kawula jêm[373] Ngajrêrak | Sadatsatir namaningong | lampah kawula dinuta | mring Sang Prabu Ngajrêrak | angandika Jayèngsatru | lah sira kinongkon apa ||
13. Sadatsatir [Sada...]
--- [f. 126r] ---
[...tsatir] atur bêkti | milane mara kawula | dening rama sang katongn |[374] angaturi jêngandika | dhatêng nagari Ngajrêrak |[375] yèn pun rama sang aprabu | atamian ratu buta ||
14. sabên wulan de[376] buwangi | bêbathange wus abasah | datan kuwawi gandane | sinabilan tan kuwawa | mila panduka sultan | mila tinêdhanan tulung | kapêca amung panduka ||
15. ingkang anggêmpur rasêksi | mila panduka ngaturan | Wong Menak lêga galihe | bosên amarengtah[377] jalma | arsa angrèh punika | angandika Jayèngsatru | punapi mulane baya ||
16. dênawa aprang lan êjim | ingkang rinêbut punapa | pun Sadatsatir ature | rama panduka Ngajrêrak | darbe putri satunggal | warnanipun langkung ayu | punika arsa kinarsan ||
17. rama tuwan datan asudi |[378] gadhah mantu lan danawa | mila dados pêrang gêdhe | Sang Jayènglaga ngadika | yèn ingsun lumakua | ing ngêdi dêdalanipun | ingong mara ing Ngajrêrak ||
18. Sadatsatir atur bêti[379] | kawula ingkang abêkta | panduka kawula gedhongn | lumampah ing awang-awang | sakêdhapa netra prapta |[380] nulya wau Jayèngkewuh | age mundhut ingkang pêdhang ||
19. tan ana ingkang udani |
--- [f. 126v] ---
pan sampun binêkta mêdal | wuwusèng Jayènglaga wuwuse |[381] aku iki mêmusuhan | Prabu Kaos nagara | tan karuhan kalahipun | utawi lamun mênanga ||
20. Sadatsatir matur aris | kenginga batên kenginga | kula atura samangke | ing Ngajrêrak sêlak risak | linêbur ing rêsêksa | wêkasan kusuma ayu | punika dados boyongan ||
21. ngandika Sang Jayèngmurti | lah iya lamun mangkana | ingong bangun turut bae | Sadatsatir mungkur inggal | lah dawêg kanjêng sultan | anitiha gêgêr ingsun | sigra Menak Jayènglaga ||
22. Sadatsatir dèn titihi | lalèmèk baludru sapta | gendholan langkung kukuhe | nulya Sadatsatir sigra | mêsat ing awang-awang | awor lawa[382] mega mêndhung | kêbat lamalpahe lir kilat |[383]|
23. sigêgêngn ingkang lumaris | ingkang anèng awang-awang | warnanêng[384] wau solahe | para putri ing Madinah | satilarira Ambyah | sadaya tan ana wrêruh | katuju lamun mirsaa ||
24. yèn kesah Sang Jayèngmurti | ingkang ana pabarisan | marak mri Ambyah karsane | matur saking wrating mêsah | mangke kadhatongne sonya |[385] nyanane wong dalêm agung | banjêl maring pabarisan [paba...]
--- [f. 127r] ---
[...risan] ||
25. ing barisan wus asêpi | ing kadhaton nora nana | sampun nyata ing kesahe | ya ta wong Arab sadaya | èstri jalu karuna | tan asru |[386] manahe kêkês sadaya ||
26. sadaya wus nyana sami | dadya katawan ing kopar | dene pabarisan gêdhe | sakèh prajurit sadaya | samya lit manahira | tan ana ngandêl ing kewuh | Marmaya tan darbe manah ||
27. pêsthi kalah Pusrêbumi | dèn unggahi mungsuh kopar | dene tan ana lajrêre | sanadyan silih kathaha | para ratu ing Arab | tan anăngga babotipun[387] | lan Ratu Kaos nagara ||
28. mundur Radyan Guritwêsi | wau saking ing payudan | mantuk mri nagara age | ya ta sakyèh para nata | sarêng Marmaya bubar | bubar sagung para ratu | lumayu arêbut wisma ||
29. wong kapir midhangêt warti | yèn Jayènglaga wus kesah | sigra bubar sabalane | ya ta ginêlak kang bala | wong kapir mri Madinah | nagara kinêpung wakul | wus sami ngili sadaya ||
30. sami ngungsi mri wanadri | ya ta nêngêna sêmana | data karuhan parane | wong kapir kalangkung suka | lajêng datêng nagara | sadaya kapanggih
--- [f. 127v] ---
suwung | mung Raja Jobin kang ana ||
31. sami ngungsi mri wanadri | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] ||[388]
32. pinungsêng Sang Munigarim | sawindu têlung windua | apan nora mulèh-mulèh | lamon nora kapanggiha | Ni Dèwi Muninggar |[389] milane Marmaya mamprung | angungsèkakên Muninggar ||
33. nêngêna ingkang angili | wau Radyan Umarmaya | wau gêntya winiraos | lampahe Sang Jayènglaga | wau ingkang binêta | ing Ngajrêrak pan wus rawuh | Menak Jayèngsatru Ngarab ||
34. sigra binêkta mri puri | cudhuk kalawan sang nata | malêbèng ing dalêm gêdhe | kalih sami anoraga | Wong Menak lan sang nata | sang nata suka kalangkung | ingkang pinilala prata ||
35. Wong Menak suka kêpati | dene ta sinuba-suba | samir sutra lêlèmèke | Jayènglaga kagawokan | ningali jroning pura | kang saryya pating palancur | kang marak anom sadaya ||
60. Sinom
1. putri ngêjim parayangan | samya marêk mri Sang Amir | dhasar samya binusanan | warnane lir widadari | sakèh putri êjim |[390] gandanira amrih[391] arum | ciptane Jayènglaga | ningali dyah ayu
--- [f. 128r] ---
luwih | rinêbuta wong sèwu mongs mundura |[392]|
2. sang nata aris ngandika | dhatêng wau Jayèngmurti | angsale angalam[393] driya | ature angasih-asih | pun bapa upama lir | gagêbyur sagara mangdul[394] | kagunturan gunung mênyan |[395] anggèr raose kang galih | atamian ratu adi pakuningrat ||
3. rinangkul Sang Jayènglaga | dening wau sri bupati | adhuh putraningsun nyawa | pun bapa asrah nêgari | ing Ngajrêrak puniki | katura Sang Jayèngsatru | lawan Dawi Asmaya | katura parêkan cèthi | mri panduka supadès[396] lemun[397] kanggea ||
4. sok inggih iya lêbura | lan Balkap anênggih |[398] agèr[399] saking jêngandika | botên darbe ujar malih | ujar sapisan dadi | anênggih kalawan sunu | ciptane Jayènglaga | binojakrama nêrpati | pirabara yèn ingsun manggiha gêsang ||
5. nora bisa mangsulana | pasihane sri bupati | amung patine kewala | kang winalêsakên nênggih | matur Sang Jayèngmurti | wau dhatêng sang aprabu | pundi gèning dênawa | punapa cêlak ing ngriki | sri narendra arum wijiling wacana ||
6. apan ênggèning dênawa | inggih jawining nêgari | anèng wana ting balêsar | anupu[400] buro[401] wanadri | yèn sampun angsal mayid | jangkêp pirang-pirang
--- [f. 128v] ---
èwu | binuwang mri nagara | gandane anjêjêmbêri | gih punika nak prabu datan kuwawa ||
7. mèsêm wau Jayènglaga | yèn mangkatên sri bupati | cinoba sarta lan surak | dimèn dhatêng kang rasêksi | ulun arsa udani | polahe kang buta agung | sang nata angandika | mangke sêlote ta ugi | dèn arèrèh ing karsa măngsa wandeya ||
8. pan sajêk kula prêrang |[402] pundi gène sri bupati | dipu tudinga kewala | panggenane kang rêsêksi | nadyan kawula mati | lumapah ayahan prabu | măngsa ta gumisira | pêjah ămba anglampahi | ingong sêdya pêjaha ing ranagana ||
9. saking mêksane sira Mbyah | Sadatsatir dèn timbali | Sadatsatir undhangana | sakathahe wadya êjim | suraka angnèng langit | dèn rame ing surakipun | Sadatsatir anêmbah | anulya mêdal ing jawi | para mantri satriya jim ing Ngajrêrak ||
10. kinèn asurak sêdaya | sakathahe wadya êjim | sarêng agumrê gumrêrah | lor kidul wetan barêngi | gumuruh angnèng langit | rug guntur lir gunung rubuh | ya ta sakèh dênawa | kang sumêlap kang sumlêmpit | kang danawa miyarsa surah gumêrah ||
11. lumalyya
--- [f. 129r] ---
nandêr sadaya | sami angrampid nagari | pating galêro wurahan | pinirsa anggêgirisi | polahe bapang jungkir | pating jaliprak dinulu | sawarnène dênawa | gandane amis abacin | pan amulêk gandane kaliwat-liwat ||
12. dênawa awas tumingal | marang wau Jayèngmurti | pan sarêng nadrê sadaya | polahe anggêgirisi | anungsang anjêpalik[403] | sawênèh ana galungndhung[404] | ana anyakot rema | wênèh siyunge dèn isis | ngangah-angah angêrik-ngêrik ana anungsang |[405]|
13. baya iki Prabu Ngajrêrak |[406] mundura pasthi yèn mati | putrimu bae aturna | eman sang nata ngêmasi | putrimu bae êndi | age mundura sang prabu | Jayènglaga ngandika | dênawa dèn mara ngarsi | alah payo padha wong sura mrêrata ||
14. dênawa sadaya kurda | pan sarêng ngarubut wani | Sang Amir tan katingalan | dênawa saya kyèh prati | sakèhe kang rasêksi | prayitna Sang Jayèngkewuh | pêdhange lir kitiran | singa pêdhak dèn tadhahi | ting galêprak êndhas buta pinêdhangan ||
15. kadya guntur kang prawata | panjriting ditya kang mati | panggroning buta nêrajang | pangringtihe[407]
--- [f. 129v] ---
gêgirisi | anglênggêr ingkang kari | syarane lir gunung rubuh | mati sapuluh ika | rongpuluh ingkang dhatêngi | mati satus rongatus tumpês sadaya ||
16. asalat sajroning driya | ingaranan salat dakim | Wong Menak sigra apêtak | tinarima mring Yyang Widi | pêtake Jayèngmurti | syarane lir gêlap sèwu | sakêthi maputrêran | ya ta sakyèhing rêsêksi | pan sadaya ing sarêng mirsa ingkang pêtak |[408]|
17. sawiji tan ana gêsang | têkan sato wana mati | ingkang anèng pêpenekan | miwah jurang-jurang wukir | punika samya mati | sirêp tan ana asêru | wadya jim iya tunggal | tan ana ingkang mangsiti | apan niba sami kalêngêr sadaya ||
18. Wong Menak sampun malumpat | saking kyèhe buta mati | mantuk malêbêt ing pura | aningali sakèh ngêjim | anggulasah nèng siti | maras tyase Jayèngsatru | sarêng asalat kajat | andêdonga mri Yyang Widi | Nabi Kirlir[409] têtulung tan kauningan ||
19. udanana ing sanjata | sakèhe buta kang mati | mêngko yèn ika kanginan | buta iku urip maning | sandika Sadatsatir | ing ngajêngan [nga...]
--- [f. 130r] ---
[...jêngan] sampun mundur | kang wadya jim sadaya | apan sampun dèn udhangi | pan sadaya sakèhe kang para buta ||
20. pan sampun ngudanan panah | dene wau wadya êjim | buta banjur pêjah pisan | kang urip lumayya mati | sirna sakèh rasêksi | linarung mring sagara gung | ri sampune mangkana | sasirnane kang rasêksi | ja Jayènglaga pinaraka nèng pagêlaran |[410]|
21. wus miyos Sang Prabu Ngajrêrak |[411] pinarak anèng sitigil | munggèng ing dhampar kancana | kadya kasyargan angalih | wau Sang Jayèngmurti | ngandikan mri sitiluhur | tan sinung linggih ngandhap | pinarak anèng ing kursi | mas ingukir mancur ingkang nawarêtna ||
22. Sadatasatir anèng ngandhap |[412] lawan Patih Osal-asil | Patih Saburu nèng kanan | atarap jim mancawarni | sakèh jim sami ajrih | dhatêng Sang Pramodèngsatru | dene kalangkung guna | bisa matèni nguripi | suyud kabèh para ratu jim Ngajrêrak ||
23. miwah Sang Raja Ngajrêrak | ingkang saya wêdi asih | wau dhatêng Jayènglaga | ature angasih-asih | inggih Sang Adimurti | ingkang prajurit linuhung | dipun lêksananana | atur kawula rumiyin | amuktia wontên nagri ing Ngajrêrak ||
24. kawula mêksa magawan [magawa...]
--- [f. 130v] ---
[...n] | ngadhaton ing tamansari | jêngandika pinaraka | wontên salêbêting puri | tutuga among rêsmi | kalawan sira wong ayu | Dèwi Asmayasêkar | sakarsa paduka angrih | pan kawula sampun asrah mring andika ||
25. anuhun Sang Jayènglaga | kapundhi sihe nrêpati | kasuwun kalinggamurda | botên sagêd amangsuli | sih tuwan anglangkungi | mugi kalakona tuhu | têdhak wau sang nata | rinangkul Sang Jayèngmurti | langkung sihe sang nata dhatêng Wong Menaka |[413]|
26. sigra kinanthi kang asta | Wong Menak mring sri bupati | binêkta kondur mring pura | bubar sagung ingkang nangkil | ya ta sri narapati | wus prapta ing dalêm agung | Wong Menak nang ngajêngan | ingadhêp ing para putri | ayu-ayu sami asri binusanan ||
27. nulya sami adhêdhahar | sang nata lan Jayèngmurti | anulya nêmbang gamêlan | sakèh pra niyaga êjim | angrêrangin syaranya sri |[414] piniyarsa jro kadhatun | gamêlane tur pelag | niyagane sami êjim | saya karêm manahe Sang Jayènglaga ||
28. kang kapirsa kang katingal | sasamya [sa...]
--- [f. 131r] ---
[...samya] nganyutakên ati |[415] ciptane Sang Jayènglaga | lan putrine iki êndi | Dèwi Asmayawati | dene tan ana kadulu | sasampunira dhahar | anulya sri narapati | Jayènglaga kinanthi ing astanira ||
61. Kinanthi
1. sang yyang surya sampun surup | ing wanci bakda mahêrib | ya ta wau Jayènglaga | binêta dene sang aji | ya ta ingkang para garwa | mirsa yèna sang nata prapti |[416]|
2. ambêkta Sang Jayèngkewuh | kang garwa amêthuk aglis | kusuma rara binêkta | amêthuk Surayèngbumi | madyanèng[417] bangsal araras | pinanggihakên tumuli ||
3. patêmon nèng jinêmarum | pan sampun tataning êjim | pinarak arêp-arêpan | saksana liningring-liring[418] | ningali putri lan putra | lir kilat barung lan thathit ||
4. angawêngi ing kalangun | kang rama kang ibu angling | lah uwis padha karia | dèn tulus apulang rêsmi | ayya ana ewa-ewa | marang arinira iki ||
5. pati uripipun katur | sakarsane Jayèngmurti | kalangkung panuwunira | ya ta wau Jayèngmurti | sang nata wus kundur sigra | wau dhatêng tamansari ||
6. kang ngadhaton dalêm agung | kang putra Sang Jayèngmurti | ing wayah wus bakda ngisa [ngi...]
--- [f. 131v] ---
[...sa] | sang dyah sakeca alinggih | sarwi amucang sang rêtna | datan nolèh marang laki ||
7. mênggah-mêgah[419] Jayèngpupuh | akarsa dhingnangini angling |[420] ajrih manawi dèn sêntak | wêkasan aderah pati | sêlak brangtane kalingntang | angling rada isin-isin ||
8. sun têtêdha kaki buyut | kapan buta amarani | buta ijo Balkap wêndrang[421] | kapan abadhog mring mami | panêdhaku ambêbuka | kang bisu iku kang wani ||
9. anulya sang dyah gumapyuk | angrangku[422] mring Jayèngmurti | ajrih winartanan buta | wêdine awor lan isin | langkung suka Jayènglaga | nulya pinandhong sang putri ||
10. angandika sang rêtna rum | Jayènglaga aku wêdi | buta Jabalkap minggata | gustiningsun nimas ari | danawa ajrih mring sira | aja sira mamêdani ||
11. ingêmban kusuma ayu | anèng ngandhap jinêm wangi | nanging dèrèng angandika | ginuturan ing rarêpi | ratu ayu asarea | ing ênbanan[423] bae gusti ||
12. ingkang asawang sitèngsu | wong cèthi-cèthi cuwiri | wong ènthèng ginawa liyan | kang pantês ingsun ngèngèri | wong ayu dèn tulus trêsna | marang dasih ingsun gusti ||
13. tuhu guruning wong
--- [f. 132r] ---
ayu | sajagat tan ana tandhing | mung gustiku ing Ngajrêrak | kang asawang roming[424] sari | tuhu guruning wanita | ratu-ratu ing sabumi ||
14. midrê ring rat tan amangguh | ingkang mirib sang rêtna di | wong gandês luwês pasaja | asor ingkang widadari | mila ingsunga lênglêng brăngta |[425] marang sira nimas Ratih ||
15. dika kasupêna dalu | amaringi gantèn wangi | ingsun anarimèng waja | milane mangke angabdi | kapibrăngta marang sira | wong ayu ayu sabumi ||
16. nimas dewa[426] brêmara rum | kang soka pradapa dyah ri | mung sira dewaning kramama |[427] sun pingndha-pingndha[428] angabdi | supaya lamun kanggea | dhatêng kusumaning puri ||
17. kêmanisên kusuma yu | ginuturan ing rarêpi | adangu pingriyêmbada[429] | tanpa jiwa sang dyah dèwi | lutur[430] sihe sang juwita | ature apait gêndhis ||
18. pangeranku Jayèngsatru | yèn tulusa sih ing mami | sampun mantuk dhatêng Arab | jêngandika Jayèngmurti | muktia wontên Ngajrêrak | marengtaha[431] sakèh ngêjim ||
19. tur mukti donya sak umur | panduka luput ing pati | têmbe ing awal kiyamat | sampun kesah saking riki | wikan tyase Jayènglaga | sinapa dhatêng sang putri ||
20. dadya tan ajrih [a...]
--- [f. 132v] ---
[...jrih] sêsiku | cinêcêp-cêcêp kang rayi | awanti-wanti ingaras | tur sarya liningling-lingling | dhuh ratu ratuning syarga | ratu-ratuning dyah luwih ||
21. sasat katibanan daru | kadhawuhan sabda manis | lir wong gêring olih tamba | sasat mati urip maning | dhuh dewaningsun pangeran | wus mijil têmên kang êsih ||
62. Mijil
1. adangu sang dyah pinongah-pangih | ingaras pinondhong | kadya kaul ciptane kakunge | kusuma rara sang dyah anjiwit | kaduwung kapati | anapa wong kakung ||
2. tênagane anggêtêri ati | kadar bok dèn alon | kaya wong mêndêm gênje polahe | kaya ta dudu prajurit sêkti | inggih bok dèn ririh | ing karsa tan wurung ||
3. suka gumujêng Sang Jayèngmurti | udhung ngaras jaja alon |[432] anglarani awak sapolahe | alah sampun mangke Jayèngmurti | udhungna[433] kariyin | asare karuhun ||
4. yèna sampun sare sumăngga mami |[434] ing karsa tan lumoh | Jayènglaga aris ing wuwuse | yèn mangkotên enake kang ati | anaa sawarsi | tan arsa aturu ||
5. nadyan sarea kakalawan [ka...]
--- [f. 133r] ---
[...kalawan] gusti |[435] sarêng lan dyah sinom | wungu barêng kalawan dhèwèke | tandhanira yèn sami karonsih | sarya angapithing | ngaras-aras gêlung ||
6. adangu sang dyah pinongah-pangih | pan sampun kalêson | apan nora suwalèng karsane | apan sumăngga karsaning laki | putra lawan putri | pan wis nunggal kayun ||
7. binêkta minggah mring jinêm wangi | sinarèkkên alon | wus tumangkêb wau lêlangsene | pating galêbyar lir lintang ngalih | padam anêlahi | yèn tinon amancur ||
8. kadrawasana sang dyah sambat mati |[436] lêsah ing paturongn[437] | lir pradapa sinêmpala sore | tiningalan sang dyah anglalêngtrih[438] | siniraman aglisa |[439] tinon ijo nglayung ||
9. eca manahe putra lan putri | wus anunggal raos | sakalangkung sami sih lulute | tan kawarna dènnya pulang rêsmi | anutug sawêngi | enjinge nênukup ||
10. byar raina wayahe kang latri | wus luwar kalaron | Prabu Ngajrêrak sineba ejinge |[440] ning paglaran sri narapati |[441] pingnarak nèng kursi | gadhing mas umancur ||
11. Jayènglaga tan sinung nèng siti | yun-ayunan katong | samya
--- [f. 133v] ---
munggèng singasana jêne | pêpak kabèh para ratu êjim | atarapa nèng ngarsi |[442] jêjêl ngalun-alun ||
12. para ratu jima yèn tino[443] asri |[444] abusana abyor | Jayènglaga kalangkung muktine | dènnya ngumbara nèng nagri êjim | wus dangu alinggih | Jayènglaga matur ||
13. kawula nuhun matur nrêpati | panduka sang katong | agamaa Eslam sawadyane | anêbuta ing Nabi Ibrahim | imèmna[445] dèn jati | mri Ngalah Kang Agung ||
14. lan kang karya bumi lawan langit | dèn mujud ing batos | angimana Nabi Ibrahime | kang ngutusan ing Yyang Maha Sukci | amartakkên malih | panggawe rahayu ||
15. dipun sami ngimankên mring nabi | yèn lair kemawon | pan kawula bisa nguripapake |[446] buta ingkang kaya wingi uni | galake lah dhingin | yèn tuwan tan anut ||
16. nètèng[447] êjim aturira aris | sumamăngga wak ingong |[448] pan kawula anut parengtahe[449] | langkung suka wau Jayèngmurti | apan sri bupati | manjing Sêlam sampun ||
17. para ratu êjim sanêgari | Islam kabèh kang wong | sakalangkung sira Mir sukane | ri sampunnya mangkana ta singgih | kondur sri bupati | lumêbêt kadhatun [kadha...]
--- [f. 134r] ---
[...tun] ||
18. pan mêngkana wau Jayèngmurti | mukti nèng kadhaton | nèng Ngajrêrak kalangkung arjane | pan sabên ari manggung karona rêsmi |[450] putra lawan putri | nutugakên kayun ||
19. tan winarna pangjanging[451] kawi |[452] sang rêtna wus babot | seos lawan manusa lamine | yèn awawrat pêsthi sangang sasi | jim pan nora wangkid | saniyante[453] sampun ||
20. aniyat lawas kalawan gêlis | pan beda lan uwong | ing samaya jangkêp sêmayane | apan lagya tigang candra lair | wawrate sang dèwi | amanis dinulu ||
63. Dhandhanggula
1. miyos èstri putrane sang dèwi | apan edah[454] warnane kusuma | lir tanggal pisan citrane | gègèr wong sakadhatun | atêtulung mri raja dèwi | jim pêri prêrayangan | kang mara gumuruh | langkung sihe Jayènglaga | mri kang putra pawèstri warnane luwih | dene têmbe pêputra ||
2. sri narendra lawan pramèswari | sakalangkung sihe mri kang wayah | wanita ayu warnane | mêngkana Jayèngsatru | ingkang putra liniling-liling | pinandêng dipun sawang | pinangku ing ibu | kang rama aris ngandika | ayu têmên anak ingsun nini putri | iya sun sawang-sawang ||
3. lêkêring wadana têka ngêblêgi |[455] jaiting netra iya apadha | ayune lawan [lawa...]
--- [f. 134v] ---
[...n] ibune | kang têka ing Madayun | iya nimas Ni Munigarim | barang kalire padha | tan tutug amuwus | Dèwi Asmaya rudita | pan maliruk kang raka dèn paleroki | sarya nèlèhkên putra ||
4. sarya mungkur wuwuse asrênggi | nora ngaku-aku biyèn mula | nistha ala salawase | wong duwe bojo ayu | lah mulane têka nèng ngriki | têka atharuthukan | ing wong tanpa kusur | nèng ngriki tanpa |[456] gêthing ing wong bok aja kakehan angling | ujar jrê ta wong ala ||
5. Jayènglaga abêndu tan sipi | pan sinoso wau ingkang garwa | langkung sakit ing galihe | aris wijiling wuwus | yèn mêkono Asmayawati | ragane pêkênira | bosên ingong tunggu | măngsa ta kapidrêrênga | măngsa ora kalarahan Jayèngmurti | apisah lawan sira ||
6. saryya mungkur mengo Jayèngmurti | Dèwi Asmaya nimbangi ujar | sanadyan aku wong wadon |[457] tininggal dening kakung | măngsa aku mangana wêdhi | apa benane iya | padha putra ngratu | Wong Menak nauri ujar | yèn mengkano[458] angkuhmu Asmayawati |
--- [f. 135r] ---
lah iya ingsun lunga ||
7. nanging manira mêkas sadhidhik | putranira sun arani iya | Ni Purwais ing namane | lah wis ayya basturu[459] | langkung merang Sang Jayèngmurti | dèn atêp[460] ing wanodya | langkung sakitipun | tumurun anyadhak[461] pêdhang | sigra kesah tanpa pamit Jayèngmurti | kabèh tan ana wikan ||
8. banjur miyos saking ing jro puri | wus wantune yèn Wong Agung Menak | yèn nêpsu pilih bobote | warnanên ingkang kantun | Rêtna Dèwi Asmaya anjrit | satilare kang raka | sambate mlasayun | anutuh ing nalanira | yèn wêruha dadi dukane sang pêkik | supaya yèn wania ||
9. awangsula kang mas adipati | wus agêdhe ayu putranira | idhêpên ujar wong wadon |[462] katuhune wak ingsun | kadi bara ujar sadhidhik | panyanane tèningwang | nora dadi napsu | pangeran nora kayaa | parênesana satêmahan anêmêni |[463] dhuh pangran awangsula ||
10. katur wau dhatêng sri bupati | ingkang putra kesahe suwala | mantuk mri Mêkah karsane | langkung tikbra sang prabu | Sadatsatir dipun timbali | prata ngarsaning nata | ngandika sang prabu | Sadatsatir tututana | anakira kesahe datanpa pamit | mulèh marang ing Mêkah ||
11. kêna nora
--- [f. 135v] ---
kêna jakên mulih | yèn nora kêna sira atrêna | ika têkane marene | sira bêkta rumuhun | mêngko iya atrêna maning | lah wis sira nusula | Sadatsatir mundur | anulya dêdêl ngakasa | pan sinusul lampahe Sang Jayèngmurti | kacandhak jawi kitha ||
12. Sadatsatir mêgati nèng ngarsi | aturira gusti angwangsula | rama aji ingkang kèngkèn | lah gusti dawêg wangsul | kengi[464] botên kawula turi | Jayènglaga ngandika | maksih sêmu bêndu | ja na kono ingong liwat | Sadatsatir aturira ngajak bali | Jayènglaga amêksa ||
13. Sadatsatir mêksa anyêgati | arsa pinêdhang wau anggiwar | maksa angadhangi bae | Jayènglaga amuwus | iya bênêr Ki Sadatasatir |[465] mêngko nagaranira | wu arja rahayu | sêdhêng ingong dèn tundhunga | nora katon nêgarane bosasah-basih |[466] lah iya bêcik mana ||
14. Sadatsatir matur ngasih-asih | batên wontên ujar kang mangkana | lah dawêg wangsul nah anggèr | Jayènglaga amuwus | ayya juwêt Ki Sadatsatir | mêngko sun pêdhang sira | dhuh tugêl gulumu | Sadatsatir aturira | yèn mangkotên suwawi [su...]
--- [f. 136r] ---
[...wawi] Sang Jayèngmurti | nitiha gigir kula ||
15. kula bêkta mangntuk[467] Pusrêbumi | sampun alami wontêna marga | ye dharat pêsthi lamine | pan wusa gendholan kukuh |[468] Sadatsatir mubu[469] pratiwi | lumapah ngawang-awang | awor mega mêndhung | mantuk mri nagara Ngarab | Jayènglaga Sadatsatir sêdya bali | mantuk mring nagaranira |[470]|
16. Sang Jayènglaga ya ta udani | yèn binêkta wangsul mring nêgara | sangsaya wuwuh bêndune | nulya cinandhak asru | cacêngêle pun Sadatsatir | apan apulintiran | Sadatsatir matur | dhuh pangeran uculêna | sarêng kêndho Sadatsatir langkung ajrih | wangsul malih lampahnya ||
17. kêb lampahe lir kilat thathit |[471] Jayènglaga banjur lampahira | kalangkung suka galihe | ngukuli tasik ngranu | dêdêl malih pun Sadatsatir | punika Jayelaga | kang katingal biru | sêgara êndhuta awiyar |[472] apan ana kang kadi sagara wêdhi | punika ingkang rêta ||
18. sêgara gêng robe gêgilani | ingkang muruh sêgarane wedang | anglir pêpêdhuta pêtênge |[473] kadya kang samodra kukus |[474] sêdayane amiyatani | ebat Sang Jayènglaga | dènira andulu | tasik gêni tasik wedang | tasik [tasi...]
--- [f. 136v] ---
[...k] êndhut tasik kukus dèn tingali | wusdene tasik toya ||
19. langkung bungah Sang Surayèngbumi | Sadatsatir sinungan ngandika | tulusêna paman radèn | dadya wong tuwanisun | ngawal akir lan sira iki | Sadatsatir aturnya | kawula anuhun | mugi-mugi katrimaa | mamung tinêdha palamarta tuwan sigih |[475] dhawuh dhatêng kawula ||
20. apagunêman pan sarya lumarisa |[476] tana uninga lêpas lapahira[477] |[478] kaya wong angipi bae | sêmona sampun rawuh | ngara-ara ing Kadarangin | apan samapun kukulan |[479] Sadatsatir mudhun | samapun ngambah ne dharatan |[480] Jayènglaga wus têdhak ane ing gigir | eca tyasira Ambah[481] ||
21. alon matur Radyèn Sadatsatir | Jayènglaga katuna[482] raharja | kawula mantuk ing mangke | ngandika Jayèngpupuh | alah iya tarima mami | sangking ing trêsnanira | poma dipun katur | bêktiku marang sang nata | salam isun marang Nimas Mayawati | dèn bacik putraningwang ||
22. sampun amit Radyan Sadatsatir | nulya mibêr anggayuh ngakasa | kêbat lir kilat lamapahe [la...]
--- [f. 137r] ---
[...mapahe] |[483] Jayènglaga lumaku | ngara-ara ing Kadarangin | sapandêlêng dohira | dinulu anglangut | tan ana kêkayonira | sukêt dhaon kapanasên samya mati | ya ta Sang Jayènglaga ||
23. kêbat lampahe Sang Jayèngmurti | age-age liwat ngara-ara | kalangkung sangêt panase | dadya anêrang laku | dangu-dangu Amir ningali | têngahing ara-ara | andulu pêpundhung | sinêlak age praptaa | ciptanira arsa ngau[484] sadhidhik |[485] ya ta anuli prapta ||
24. Jayènglaga kagyèt aningali | ekang winastan pêpundhung ika | nênggih ditya sabênêre | anglêgarong[486] alungguh | Jayènglaga aprayitnèng wèsthi |[487] nanging tutut kewala | eca manahipun | ya ta wau pinaranan | punang ditya kalangkung suka ningali | dene ana wong prapta ||
25. anulya pinapagakên aglis | prapta ngarsane amêndhak-mêndhak | cinêlongrakêna[488] ulate |[489] ri sêksana cumundhuk | sarta mêndak anikêl warti | mêndhak tanpa angucap | Jayènglaga muwus | sira iku buta apa | têka mêndhak ing rangsa[490] sarya ngabêkti | lah apa karêpira ||
26. iya sira arêp măngsa mami | utawa sira arêp bêbegal | sura
--- [f. 137v] ---
dênawa ature | gusti kawula nuhun | botên nêdya niyat ing batin | katura bêkti kula | ing gusti pukulunan |[491] kawula dhatêng panduka | milanipun kawula angadhang margi | sirnaa sakit kula ||
27. kinèn wontên ngara-ara ngriki | lamun ana iya wong lêlampah | pasthi ku kang mulyakake | Jayènglaga tan muwus | kèndêl dangu wêkasan angling | buta laramu apa | ing ngêndi omahmu | lawan sapa aranira | lah andharên manira arsa udani | ing ngêndi ajalira ||
28. sura dênawa matur angabêkti |[492] pun Durgamanik wasta kawula | ulun juru patêbahe | Nabi Soleman dangu | pajungutan ing tamansari | ingkang kalwula[493] rêksa | lawan lakèningsun | sabên sontên atêtêbah | kanjêng gusti awis-awis nyangkramani | lapak kula daluya ||
29. kula lagi tilêm lawan laki | kawênangan laki kula pêjah | pinanah dhatêng sang katong |[494] kawula pan lumayu | apan kenging citraka gusti | inggih anggèr punika | anggendhol nang gulu | ing mangke saya amêtak | awratipun ing mangke tuwan luwari | tan kuwawi anyandhang ||
--- [f. 138r] ---
30. sampun kapêca kang dhinging-dhinging | yèn panduka ingkang luwarona | sira Mir alon wuwuse | ingong dudu dhêdhukun | nora bisa anênambani | Durgamani[495] tur sêmbah | gusti sang binagus | sakarsa dalêm ta mana | pêsthi sirna Sang Jayènglaga nauri | lah iya pikir ingwang ||
31. ngong bêldhèl[496] pêdhang laramu iki | sun buwange ingkang dadya mala | yèn kimpès dadi warase | Durgamanik angguguk | inggih langkung karsaning gusti | kawula tan alênggana |[497] karsa Jayèngsatru | sarepetan narik pêdhang | dyan binêdhèl malane ingkang rasêksi | ing pungkur dipun tigas ||
64. Pangkur
1. sarêng tugêl malanira | Durgamanik apan lajêng ngêmasi | nulya malanipun mêtu | ditya lanang agalak | sajatine wong mêtêng ana ing gulu | atuwa anèng wêtêngan | arosa agêng ainggil ||
2. bisa ngambah ngawang-awang | iya uga buta kaworan êjêm[498] |[499] samana sigra andulu | lamun biyange pêjah | sru bramatya muka bang jajane murub | Wong Menak gawok tumingal | ing malane buta nênggih ||
3. gêdhe luhur kang dênawa | sigra angling wau sarya nudingi | hèh manusa
--- [f. 138v] ---
takut lampus | uripêna si biyang | lamun nora uripa iya si biyung | pêsthi sira ingong măngsa | awakmu ingsun jêjuwing ||
4. Wong Menak nauri ujar | hèh aranmu iya sira rasêksi | nora nana tarimamu | su wruhakên padhang hawa |[500] nora malês kabêcikan marang ingsun | muduran arêp amăngsa | lah i têka abêcik |[501]|
5. dênawa asru angucap | nora wrêruh mangkono awak mami | wau sira barêng rawuh | si biyang pan palastra | uripêna yèn nora urip ngong amuk | Jayènglaga angandika | lah mara nauta aglis ||
6. lah ta mara têkakêna | alah iya payo padha ajurit | dênawa micorèng kalbu | wong iki wrat sinăngga | apan nora kêna panggah aprang gêlut | iya ngong angakali iya |[502] sura dênawa mangkya angling |[503]|
7. iya bênêr saking sira | apan iya aku ingkang asisip | mêngko ta sapa aranmu | iya sun walês sira | mrêruhakên padhang awa maring ingsun | suka Sang Pramadèngyuda | iya ingsun Jayèngmurti ||
8. satriya midêr nglalona | alah uga sira ingsun parêbi | iya Si Ranès aranmu | dene
--- [f. 139r] ---
anèh wong kathah | wawêtêngan anggendhol anèng gêgulu | barêng wis lair atuwa | mila sira sun arani ||
9. sang diyu gumuyu suka | karsanira apan ingong turuti | nanging mêngko karêp ingsun | sira mulih mri Mêkah | laku dharat pasthi abantalan taun | mêngko sira anitiha | gigir sun atêrkên mulih ||
10. ngong bêta mêdal ngawiyat | Jayènglaga suka wau nauri | iya karêpmu ngong turut | nulya mungkur dênawa | Jayèngga mugèng gendholan kukuh |[504] nulya mêsat ngawang-awang | pun Ranès lir kilat thathit ||
11. sangsaya nêgêl[505] ngawiyat | ngawang-awang Ranès na anêgêl inggil |[506] awor lawan mega mêndhung | saya silêm dharatan | dipun kirigakên wau Jayèngsatru | malêsas[507] saking gendhongan | pun Ranès ngêlokkên mati ||
12. gumuyu alatah-latah | Jayènglaga pasthi sira ngêmasi | Jayènglaga nyipta lampus | tibèng saking awiyat | lir bêbalang cêmlorote Jayèngsatru | ya ta ingkang kawarnaa | ingkang ngêngaub ing warih ||
13. ingkang aliyangan teja | mega mêndhung kinarya kasur [ka...]
--- [f. 139v] ---
[...sur] guling | angkul-angkule kêkuwung | ya Nabi Kilir ik |[508] sakalangkung dènira tapa sang wiku | atrêrus paningalira | kêkasihira Yyang Widi ||
14. wusa roro dadya satunggal |[509] Nabi Kilir sagara tanpa têpi | sakêdhap sira andulu | ing wong kinaniaya | ratu adi tur kêkasihing Yyang Agung | aglis nulya tinulungan | sakêdhap anulya prapti ||
15. kang binuwang durung tiba | Nabi Kilir sigra nyandhak tumuli | kang cinandhan[510] nora wrêruh | pangrasane kanginan | nulya tiba sêmana Sang Jayèngsatru | anuju ana talaga | satêngahing wanagiri ||
16. age sira nolèh lon-lonan |[511] Jayènglaga tiba katut ing angin | tiba satêpining ranu | têlaga sri kawuryan | duk sêmana nuju ana prêri adus | kêkalih padha asiram | nênggih putri Ngatasangin ||
17. pan eca samya asiram | Sêkarpura kalawan Sêkarrêsmi | kagyat ana jalma rawuh | kêbat Ni Sêkêrpura | age-age nyandhak singjang lawan pingjung | rasukan atakusuma[512] | lan sandhangane kang rayi ||
18. karangkud binêkta wiyat | sinjang pinjung
--- [f. 140r] ---
akêkècèr anèng ing margi |[513] tumiba ing Jayèngsatru | iki jêjarit apa | ngong watara pangagone putri ayu | katara gadane[514] ngambar | suka tyase Jayèngmurti ||
19. wus sirna paraning duka | mri pun diyu ingkang nêdya matèni | sarêng katibanan pingnjung[515] | sêsampur lawan rasukan |[516] têka ilang dukane marang si diyu | kacipta sijang rasukan | sapa ingkang duwe iki ||
20. gandane dene angambar | Jayènglaga midrê sarya ngulari | saksana ngungak ranu |[517] bèji asri kawuryan | tiningalan jro toya ana wong adus | warnanira langkung edah | wus nyana putrining êjim ||
21. saking wêninge kang yoya | sang rêtna yu sakêdhap wêntis kengis | taracak wulu pan alus | tan kasasaban singnjang[518] | jaja bau wadana sawang sutèngsu | kalangkung ing ayunira | kumêcêr Sang Jayèngmurti ||
22. nulya wau pinarana[519] | mri Wong Agung Adi Suradimurti | sang dyah kagyat tingalipun | angucap jroning driya | wong ing ngêndi têka marani wong adus | karane si kakang kêbat | ibrêre marang ing langit ||
23. ki bagus dika lungaa | dêdamone[520] si kakang nuli bali | mèsêm sira Jayèngpupuh | dhèwèke iki sapa | cilam-cilum anèng ing jroning banyu |[521] baya nora adhêm [adhê...]
--- [f. 140v] ---
[...m] mona | awêl duwèke gabibir ||
24. lah nêdha sira mêntasa | ingsun mingkêm iya anèng ing ngriki | sarwi boya cacêlathu | sang dyah ayu angucap | kaniaya sijang ingsun pan karangkud | binêta marang si kakang | sirèku ngagèt-agèti ||[522]
25. Sang Jayènglaga ngandika | apan iku iya wis tapih warih | Sang Jayènglaga gumuyu | nêdha pêpadon dhawak | upamine anaa kang awèh pinjung | têkan kasêmêkan pisan | kêsmaran sajroning ati ||
65. Asmaradana
1. paraning karsanerèki | sang ayu alon angucap | nadyan lanang nadyan wadon | yèn atuwa sun aku bapa |[523] anom sun aku kadang | yèn tuwa sun aku guru | lah iku janji kawula ||
2. sira Mir suka tan sipi | mèsêm sarya angandika | aya anggurua bae | ingsun awèh tapih sira | nulya Sang Jayènglaga | babêntinge lapis pitu | cindhe lan sutra diwăngga ||
3. dene sijange sang dèwi | binêtingakêna[524] sêmona |[525] bêntinge dèn wènèhake | wau ta sang juwita |[526] wus rinasuk sêmona | sampun amêntas saking banyu |[527] asijang cindhe jêlamprang ||
4. udhêtipun [udhêti...]
--- [f. 141r] ---
[...pun] sutra kuning | apan saya danar-danar | Ni Sêkêrrêsmi[528] citrane | kadya widadari kendran | Jayènglaga tumingal | manahe langkung kapencut | kadya anyandhak-nyandhaka ||
5. kèlingan wêntise kengis | wulu sarta atêracak | sira Mir gêla manahe | aris dènnya angandika | kaya ngapa ta sira | angaku guru maring sun | Sêkêrrêsmi aturira ||
6. pêsthi inggih anglampahi | amung tuwan guru kula | ing donya têkèng akirat |[529] suka tyase Jayènglaga | lah iya yèn mêngkana | anyiptaa dalêm agung | ingong asoa sadhela ||
7. wantune êjêm asêkti | sabarang cinepta dadya | iya sakalir-kalire | nêngna Sang Jayènglaga |[530] kang anèg ing ujana | warnanên kang sangêt bingung | pun Ranèsa nèng awang-awang |[531]|
8. sarêng guwang Jayèngmurti | pun Ranès kakasar-sasar | apan saparan-parane | lan durung duwe panggonan | jinujul nora ana | ingkang aran Jayèngpupuh | mubêng-mubêng langkung sayah ||
9. amung Sang Wiradimurti | ingame-ame punika | Jayènglaga tobat kapok | yèn ingsun wania sira | kapan baya panggiha | katêmua Jayèngpupuh | kawula ngabdi panduka ||
10. mubêng-mubêng angulati | ngalor ngulon [ngulo...]
--- [f. 141v] ---
[...]
--- [f. 142r] ---
[...n] ngidul ngetan | ngisor mandhuwur wusdene | malah karingêtnya mêdal | cangkême mangap-mangap | kalangkung sayah pun diyu | angnulya pun diyu mulat ||
11. yèn ana bèji awêning | akarsa adus ing toya | anuyya tumurun age | sarêng prata ing dharatan | kagyat sira tumingal | Sang Jayènglaga kadulu | sigra wau pinaranan ||
12. prapta ngarsa angabêkti | anungkêmi ngaras pada | Sang Jayènglaga dêlinge | lah sira Ranès prapta |[532] pun Ranès atur sêmbahe |[533] kawula anggèr anuwun | atur tobat mri panduka ||
13. rêng buwang dhatêng gusti |[534] kawula kewran ing paran | kawula tan lèrèn-larèn[535] | mung lagi mangke araryan | wontên ngarsa panduka | angandika Jayèngsatru | iya ngamini kewala ||
14. ngandika Sang Jayèngmurti | Sêkarrêsmi marenea | tan suwe prapta ngarsane | mangrêpa sah atur sêmbah | ngandika Jayènglaga | Sêkarrêsmi arèningsun | anuta parentah ingwang ||
15. lah sira panggiha yayi | kalawan [ka...]
--- [f. 142v] ---
[...lawan] si Ranès ika | Ni Sêkarrêsmi ature | inggih yèn sami-samia | ajêng kawula krama | dene ta punika diyu | mila kawula tan arsa ||
16. ngandika Sang Jayèngmurti | yèn sira tuhu tan arsa | sira pan rinusah bae | yèn sira anut parentah | busananira ênya | dhingin ingkang ingsun têmu | sijang kalawan rasukan ||
17. andangu[536] kèndêl sang dèwi | ngangên-angên jroning driya | adangu ngêjum pikire | pikir eca linampahan | sang dyah matur anêmbah | punapa karsaning guru | kawula inggih sandaka[537] ||
18. suka tyase Jayèngmurti | amicorèng jroning driya | aran sato kewan bae | bok aja nganggo aningkah | ngandika Jayènglaga | Ranès dèn kaparèng ngayung[538] | sira alinggiha jajar ||
19. Ranès sampun jajar linggih | kalawan Dèwi Pradapa | Sang Jayènglaga dêlinge | dèn atuta palakrama | ayya na taha-taha | pasthi karsane Yyang Agung | Ranès panggih lawan sira ||
20. ya ta surup sang yyang rawi | Sang Jayènglaga tumêdhaka [tumêdha...]
--- [f. 143r] ---
[...ka] |[539] apan ta darbe panêpèn | anênggih sela gêgilang | satêpining talaga | kalangkung asri dinulu | panêpèn angokang[540] toya ||
21. anuju wêktu mahkrêrib[541] | sunat mastur linampahan | gumanti sunat wèbine | sami salat ngisa pisan | sampune bakda ngisa | Jayènglaga apitêkur | angêningakên paningal ||
22. warnanên Ni Sêkarrêsmi | kalawan pun Ranès ika | jawane apêpêngantèn | Sêkarrêsmi alon mojar | lah Ranès lakiningwang | yèn sira asih maring sun | satatane prêrayangan ||
23. padha turu bae dhingin | mêngko yèn wis sami nendra | lah iya apa karêpe | manira nora suwala | Ranès aturi ujar | lah iya nimas ngong turut | lah age sira turua ||
24. acilik anyangik-nyangik | wong muluka yèn dinamonan |[542] wong murca kinêdhèpake | jodho-jodho dara jodho |[543] apyana darupada | doradasih dewadaru | anggendhol kang gawe lara ||
25. dangu de
--- [f. 143v] ---
dènnya ngarih-arih |[544] pun Ranès agibrah-gibrah | kasuwèn kêsêl polahe | wêkasan angathang-athang | pun Ranès banjur nendra | èstri jalu banjur turu | ya ta sarêng anupêna ||
26. èstri jalu sami ngipi | sacubana akalihan | lir têmên anèng pangipèn | tan raga-raga supêna | lir sawèngntèhangne[545] iya |[546] suka rêna sakalangkung | dènira alambang rasa ||
27. byar raina sarêng tangi | lumrahe ingkang sarira | têmên-têmên pangrasane | wêkasan lajêng awawrat | Sêkarrêsmi punika | sanès lan manusa iku | êjim pêri prêrayangan ||
28. jalma iku sangang sasi | jim prêri apan nora |[547] ya itung dina lawase | lumrah itung kêdhèpira | Sêkarrêsmi punika | sarêng jangkêp rolas dalu | wawêtêngan sampun babar ||
29. tan lair mêdal bêbayi | anênggih awarna kuda | ijo bayêm pan ulêse | kalangkung-langkung gêdhenya | Jayènglaga asuka | andulu ing bêlonipun | rêmêne [rêmê...]
--- [f. 144r] ---
[...ne] datan mundura ||
66. Durma
1. pan pun Rènès[548] ningali mring anakira | nora arupa jalmi | nora arupa ditya |[549] rupa jim nora pisan | têka rupa kuda wilis | kalangkung merang | bramêtyane tan sipi ||
2. anakira akarsa wau mingnăngsa[550] | lagya dipun tungkuli | anulya sinepak | kêna mukane pêcah | rahnya balabar ing siti | pun Ranès pêjah | ya ta Ni Sêkarrêsmi ||
3. Sêkarrêsmi kalangkung ing ajrihira | bapakne dèn patèni | mêngko uga iya | matènana ing biyang | umatur mri Jayèngmurti | tuwan têdhakna | sijang pingjung kulambi ||
4. apan kula sampun manut karsa tuwan | kawula nuhun pamit | angling Jayènglaga | lah iya yayi ênya | dhêmênku apan wus ngalih | mri anakira | mri sira mari asih ||
5. wus tinampan pangagone sang juwita | sampun ngrasuk kulambi | poma atur kula | yèn bêlo asring munya | tuwan têngakna mring langit | Sang Jayènglaga | angêstakakên[551] uni ||
6. Sêkarrêsmi sampun mêsat angêmbara | awor lan mega putih | mantuk mring kayangan | warnanêngn Jayènglaga | mung
--- [f. 144v] ---
bêlone dèn lalithing | nanging gêlanya | Jayènglaga sawiji ||
7. duk anyepak marang bapakane ika | kasrêron suku kering | krêracake ilang | caplok katut ing muka | pingcang[552] lakune kang wajik | nulya tinurunan |[553] Nabi Kilir sêmono | munggèng ngarsanira Amir | alon ngandika | putu ayya prihatingn[554] ||[555]
8. mêngko ingsun warasakên bêlonira | angling Sang Jayèngmurti | saking tambêt kula | kaki pundi kang wisma | kang tinyanya[556] anauri | pan sira kilap | ya ingsun Nabi Kilir ||
9. ingkang nyandhak kariyin kala binuwang | marang Si Ranès dhingingn | ayya ingong candhaka |[557] lêbur dadya galêpang | Wong Menak sigra ngabêkti | tur pêjah gêsang | sumungkêm anèng siti ||
10. kudanira krêracahke[558] kang malêsat | cinepta jroning ati | kabèh sinalingnan[559] | krêracahkira waja | sêdaya pan sampun dadi | krêracahk waja | ngandika Nabi Kilir ||
11. lah ki putu bêlonira tingalana | kabèh wus suna salingni |[560] krêracake waja | Jayènglaga tumingal | èstu angndikaning[561] nabi | nulya wotsêkar | punika
--- [f. 145r] ---
kadospundi ||
12. lamun agêng bêlone krêracak waja | punapa tumut malih | krêracake waja | Nabi Kilir ngandika | iya milu gêdhe kaki | turangganira | iya ingong arani ||
13. bapakane iya iku ditya pêthak | biyange Sêkarrêsmi | sun arani iya | Si Sêkardiyu ika | yogya agêmên ing jurit | anăngga wawrat | gada wrat sèwu dhacin ||
14. tingalana iku busananing kuda | kapraboning ajurit | sira Mir tumingal | kuda asaling[562] warna | kalangkung sokor[563] ing Widi | Sang Jayènglaga | langkung suka ing galih ||
15. jaran ijo larabe sangkêlat abang | palisir mas rinukmi | èbèg mutyaara | sănggawêdhi suwasa | kandhangsule purasani | sarung mas abang | gêgiwang dhadhanggêndhis ||
16. sampun musna sêmana Sang Jatisyara | kari mangu Sang Amir | nulya tinitihan | kuda mri Jayènglaga | dèn êncerat-êncot[564] kuwawi |[565] pun Sêkarditya | dinulu angajrihi ||
17. sampun mangkat Wong Menak saking talaga | kuda lampahe nyirig | pan kadya badhaya | tangkêpe
--- [f. 145v] ---
Sêkarditya | Amir sukanira ngêting[566] | samarga-marga | Sêkardiyu anyirig ||
18. ênêngêna wau ta Sang Jayènglaga | gêntya ingkang winarni | nêgari Karsinah | nêgara loh ajêmbar | murah sandhang lawan bukti | nagri Karsinah | langkung pasir awukir ||
19. duk sêmana ing Karsinah cinarita | batuwah dhingingn-dhingingn | kang paksi kitiran | pêthak yuwananira | prakara kang dhingin-dhingin | wong dadya raja | apan kalih prakawis ||
20. dene ingkang kinarya Ratu Karsinah | dudu trahing narpati | sasênênge ika | iya kitiran pêthak | singa ingkang dèn ecaki | pan dadya nata | sêntana myang wong cilik ||
21. rong parkara tataning Ratu Karsinah | singa matia dhingin | kang kari abela | ratune lanang pêjah | ingkang èstri ambelani | wadone pêjah | kakunge ambelani ||
22. dene pêksi pinasthi kang dadi raja | mangkana kang ginupit | nagara Karsinah | kapatyèn ratu anyar | dèrèng wontên kang gumanti | pan dèrèng asal[567] | pencokane kang pêksi [pê...]
--- [f. 146r] ---
[...ksi] ||
23. duk sêmana wus aundhang-undhang bala | sakathahe kang jalmi | kinèn gumêlara | ngalun-aluna myang pasar |[568] tan apilih-pilih jalmi | sampun gumêlar | wong mudha kaki-kaki ||
1 | Biasanya guru lagu i: bèri (Menak Lakat, Balai Pustaka, Pupuh 21.4.2; Panji Marabangun, British Library (Or 15026), Pupuh 16.1.2; Kancil, Van Dorp, Pupuh 32.3.2). (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: ana kang kaya singa. (kembali) |
3 | Biasanya guru lagu a: Kopah. (kembali) |
4 | ingong. (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata: Raja Kopah ran mami. (kembali) |
6 | Kurang tiga suku kata. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: surakipun wong Arab ambal-ambalan. (kembali) |
8 | Buntaran. (kembali) |
9 | bramantya. (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata: sampun yun-ayunan. (kembali) |
11 | angadêga. (kembali) |
12 | asru. (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: anulya anitih èsthi. (kembali) |
14 | sinambat. (kembali) |
15 | Kurang satu suku kata: iya dèn angati-ati. (kembali) |
16 | Sang. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata: atakon-tinakon singgih. (kembali) |
18 | Lebih dua suku kata: Sang Raja Kebar. (kembali) |
19 | ginada. (kembali) |
20 | Kurang dua suku kata: alah payo sira amalêsa aglis. (kembali) |
21 | ginada. (kembali) |
22 | angawaki. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: tan nêdya mungkur jurit. (kembali) |
24 | Lebih satu suku kata: Prabu Mêsir sikêp praboning jurit. (kembali) |
25 | sumaos. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: pan sigra tinitihan. (kembali) |
27 | Lebih tiga suku kata: ayya ngadu wong cilik têlukan ratu. (kembali) |
28 | atandhing. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: êndhas ratu kang kaya sira iki. (kembali) |
30 | narendra. (kembali) |
31 | cape. (kembali) |
32 | kantun. (kembali) |
33 | mangko (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
34 | dèn. (kembali) |
35 | Lebih satu suku kata: asambata kang yogya sira mati. (kembali) |
36 | Lebih satu suku kata: kuwate panangkisira. (kembali) |
37 | prayitnèng. (kembali) |
38 | nêbda. (kembali) |
39 | aprabu. (kembali) |
40 | Lebih enam suku kata: natèng Mêsir nulya amalês amupuh. (kembali) |
41 | Kurang empat suku kata: apa sakarêpmu amasthi ngong turut (kembali) |
42 | Lebih satu suku kata: ingangkat Sang Jayènglaga. (kembali) |
43 | ngingkêdi. (kembali) |
44 | antêbakên. (kembali) |
45 | Kurang satu suku kata: gya dèn antêbakên asru. (kembali) |
46 | bobote. (kembali) |
47 | Kurang satu suku kata: èmêng tyase sri narendra. (kembali) |
48 | oyog. (kembali) |
49 | Kurang dua suku kata: dèn oyog-oyog sang nata. (kembali) |
50 | Lebih tiga suku kata: Umarmaya sampun kaduga ing sêmu. (kembali) |
51 | sakyèh (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
52 | Natèng (dan di tempat lain). (kembali) |
53 | Kurang dua suku kata. (kembali) |
54 | Lebih satu suku kata: èstu prajurite Ngalam. (kembali) |
55 | Kurang satu suku kata: amba datan lênggana. (kembali) |
56 | Lebih satu suku kata: lah manjinga gama Islam sang aji. (kembali) |
57 | Biasanya guru lagu a: dhawak. (kembali) |
58 | Biasanya guru lagu i: aturi. (kembali) |
59 | Lebih satu suku kata: Jayènglaga sêmana sampun kering. (kembali) |
60 | Biasanya guru lagu u: Jayèngsatru. (kembali) |
61 | Kurang satu suku kata: pinarak ajrah kadhatun. (kembali) |
62 | Lebih satu suku kata: Jayènglaga sêmana sampun anurut. (kembali) |
63 | Lebih satu suku kata: kang akarya pasanggrahan nêrpati. (kembali) |
64 | Lebih satu suku kata: wong anom ingkang pinilih. (kembali) |
65 | Sajarahbanun. (kembali) |
66 | abinggêl (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
67 | intên. (kembali) |
68 | Kurang dua suku kata: sinawur êmas rêtna di. (kembali) |
69 | kaèksi. (kembali) |
70 | gurune. (kembali) |
71 | Sajarah. (kembali) |
72 | Biasanya guru lagu i: abrit. (kembali) |
73 | kinampuhan. (kembali) |
74 | pramèswari. (kembali) |
75 | tumungkul. (kembali) |
76 | memba (dan di tempat lain). (kembali) |
77 | trêsnane. (kembali) |
78 | Kurang satu kata: dhasare Wong Agung Menak. (kembali) |
79 | andhêmi. (kembali) |
80 | Lebih satu suku kata: sarêng surup sang yyang arka. (kembali) |
81 | Kurang satu suku kata: wayahe bakda mahribi. (kembali) |
82 | dhêdharan. (kembali) |
83 | Lebih satu suku kata: tinampan parêkan babu. (kembali) |
84 | amucang. (kembali) |
85 | Kurang satu suku kata: emut lamun kakungipun. (kembali) |
86 | Sêkarpura (dan di tempat lain). (kembali) |
87 | ginggang. (kembali) |
88 | Lebih dua suku kata: Jarahbanun nèng wuntat. (kembali) |
89 | wangsiti. (kembali) |
90 | jinêm. (kembali) |
91 | datanpa. (kembali) |
92 | têtămba. (dan di tempat lain) (kembali) |
93 | Biasanya guru lagu a: awotsêkar. (kembali) |
94 | dèn. (kembali) |
95 | aglis. (kembali) |
96 | linorod. (kembali) |
97 | ulêsi. (kembali) |
98 | Kurang satu suku kata: raose Sang Jayèngmurti. (kembali) |
99 | Lebih satu suku kata: karonsih lan sang dèwi. (kembali) |
100 | Sêkarkadhatyan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
101 | Kata ini kurang jelas. (kembali) |
102 | Kurang satu suku kata. (kembali) |
103 | Kurang satu suku kata dan biasanya guru lagu a: tan prabeda lawan adining kusuma. (kembali) |
104 | Lebih satu suku kata: asare lan Jêyèngsatru. (kembali) |
105 | sacumbona (dan di tempat lain). (kembali) |
106 | karingête (dan di tempat lain). (kembali) |
107 | dyah (dan di tempat lain). (kembali) |
108 | têtêmênan. (kembali) |
109 | gandrung-gandrung. (kembali) |
110 | Kurang satu suku kata: anoraga angipi. (kembali) |
111 | dhêmênku. (kembali) |
112 | wau. (kembali) |
113 | upacarane. (kembali) |
114 | Lebih satu suku kata: sêsak jêjêl nèng ngayunan. (kembali) |
115 | ngandika. (kembali) |
116 | pêsthine. (kembali) |
117 | apuntên. (kembali) |
118 | Kurang satu suku kata: andika rêmak punika. (kembali) |
119 | Kurang satu suku kata: andika Sêlamna kabèh. (kembali) |
120 | nungkul. (kembali) |
121 | Kurang satu suku kata: lawan Mêsir Sri Narendra. (kembali) |
122 | kalintang (dan di tempat lain). (kembali) |
123 | Kurang satu suku kata: sampun karsane Yyang Agung. (kembali) |
124 | Kurang satu suku kata: punika kawula bêkta. (kembali) |
125 | ngandika (dan di tempat lain). (kembali) |
126 | Lebih dua suku kata: sakarsa tuwan pêparab. (kembali) |
127 | ginarêbêg. (kembali) |
128 | Lebih dua suku kata: mêdal saking jroning pura. (kembali) |
129 | ika. (kembali) |
130 | sêkar. (kembali) |
131 | Lebih satu suku kata: ana kang layar sangkêlat. (kembali) |
132 | Lebih satu suku kata: baita lampahnya kêbat. (kembali) |
133 | Lebih satu suku kata: munggèng wijahan mas rêtna. (kembali) |
134 | utus. (kembali) |
135 | mantu (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
136 | sataun. (kembali) |
137 | Kurang satu suku kata: ngongkok anèng kadipatyan. (kembali) |
138 | mantuk. (kembali) |
139 | mêngkono (dan di tempat lain). (kembali) |
140 | undurêna. (kembali) |
141 | bangkit. (kembali) |
142 | sawênèh. (kembali) |
143 | Kurang satu suku kata: măngsa wandeya. (kembali) |
144 | kalanira. (kembali) |
145 | Lebih lima suku kata: Jayènglaga anandêrakên turăngga. (kembali) |
146 | nungkêmi. (kembali) |
147 | Lebih satu suku kata: lajêng nungkêm pada. (kembali) |
148 | Kurang satu suku kata: marang Sang Jayènglaga. (kembali) |
149 | Lebih satu suku kata: dhuh twan kawula. (kembali) |
150 | Lebih satu suku kata: kèndêla wontên ngriki. (kembali) |
151 | praptèng. (kembali) |
152 | timbalane. (kembali) |
153 | Lebih satu suku kata: rumêksa jroning nagari. (kembali) |
154 | Lebih satu suku kata: kang tinari ing wèsthi. (kembali) |
155 | Kurang satu suku kata: sowan marang Madayin. (kembali) |
156 | agêgancangan. (kembali) |
157 | nungkêmi. (kembali) |
158 | Kurang satu suku kata: Jayènglaga umatur sarwi anêmbah. (kembali) |
159 | babrêngose. (kembali) |
160 | Biasanya guru lagu i: untir. (kembali) |
161 | Lebih satu suku kata: ngawêt gigit waja. (kembali) |
162 | kêndhalèni. (kembali) |
163 | Lebih satu suku kata: pangandikane manis. (kembali) |
164 | Lebih satu suku kata: rêp gêmpur maring sun. (kembali) |
165 | Kurang satu suku kata: prandene ta rayi para. (kembali) |
166 | Lebih satu suku kata: karsaningsun rinêbuta wani. (kembali) |
167 | rinusak. (kembali) |
168 | dening. (kembali) |
169 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
170 | pondhok (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
171 | Lebih satu suku kata: têka marahi edan. (kembali) |
172 | Lebih satu suku kata: ngalahakên musuh. (kembali) |
173 | Kurang satu suku kata: awèha nora awèha aku wani. (kembali) |
174 | Kurang satu suku kata: maring Raja Nursewan. (kembali) |
175 | tinjoa. (kembali) |
176 | tumumpang. (kembali) |
177 | lumintu. (kembali) |
178 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
179 | Kurang satu suku kata: sarwi mandhi payung. (kembali) |
180 | Kurang satu suku kata: datan kawarna ing marga. (kembali) |
181 | Lebih dua suku kata: wus jamake wong yuda ana kang mati. (kembali) |
182 | kêlar. (kembali) |
183 | Kurang satu suku kata: kadipundi pikir andika kiyai. (kembali) |
184 | tantun. (kembali) |
185 | Lebih satu suku kata: surup sang yyang raditya. (kembali) |
186 | Kurang satu suku kata: ana arame gumêr-gumrêrah. (kembali) |
187 | atêtakon. (kembali) |
188 | Lebih satu suku kata: para êmban atarap anèng ing ngarsa. (kembali) |
189 | Kurang satu suku kata: nanging anggèr sinamayan. (kembali) |
190 | jinêm. (kembali) |
191 | Kurang satu suku kata: atanbuh ing polahipun. (kembali) |
192 | amèt. (kembali) |
193 | tan. (kembali) |
194 | kaputrèn. (kembali) |
195 | Kurang satu suku kata: bisa têmên wèh sakit. (kembali) |
196 | Lebih satu suku kata: sang ayu binosah-basih. (kembali) |
197 | Kurang satu suku kata: dene ana Betaljêmur. (kembali) |
198 | anulya. (kembali) |
199 | Lebih satu suku kata: kang dèn ajap rina wêngi. (kembali) |
200 | kapanggih. (kembali) |
201 | Lebih satu suku kata: Munigarim anêmbah. (kembali) |
202 | matur. (kembali) |
203 | dingarène. (kembali) |
204 | Kurang satu suku kata: lah kapriye aturira. (kembali) |
205 | Kurang tiga suku kata, dan biasanya guru lagu i. (kembali) |
206 | Radèn. (kembali) |
207 | malomponga. (kembali) |
208 | angoblah. (kembali) |
209 | Lebih satu suku kata: sapawongane putri. (kembali) |
210 | yèn. (kembali) |
211 | Lebih satu suku kata: tangisipun kadya ombak jaladri. (kembali) |
212 | miyos. (kembali) |
213 | Lebih satu suku kata: pêpak jêjêl prajurit para tumênggung. (kembali) |
214 | sawadyane. (kembali) |
215 | marojol. (kembali) |
216 | Kurang satu suku kata: para ratu kinèn barisa amêtu. (kembali) |
217 | Kurang satu suku kata: ya ta sarêng kapapaga. (kembali) |
218 | onclang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
219 | kêkês. (kembali) |
220 | angruntuh. (kembali) |
221 | kamigilan. (kembali) |
222 | Lebih satu suku kata: ningali polahe wong Pusrêbumi. (kembali) |
223 | Baudhêndha. (kembali) |
224 | Kurang satu suku kata: Kya Bêstak lawan Kistaham. (kembali) |
225 | Bêstak. (kembali) |
226 | ingantenan. (kembali) |
227 | Kurang satu suku kata: palayune niba tangi lir binuru. (kembali) |
228 | gundam-gundam (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
229 | kalolori. (kembali) |
230 | Kurang dua suku kata: kasukan pra katong. (kembali) |
231 | Kurang lima suku kata: Sang Jayèngmurti suka ing galih. (kembali) |
232 | Biasanya guru lagu e: age-age. (kembali) |
233 | Lebih satu suku kata: putri tiga sadarbèke mijil. (kembali) |
234 | Kurang satu gatra: gatra ke-5 (6i). (kembali) |
235 | tumèmpèl. (kembali) |
236 | Lebih satu suku kata: Munigarim tumèmpèl ing wuri. (kembali) |
237 | Kurang satu suku kata: lir Kamajaya lawan Ratihe. (kembali) |
238 | kaloron. (kembali) |
239 | Biasanya guru lagu o. (kembali) |
240 | Kurang dua suku kata. (kembali) |
241 | Lebih satu suku kata: tuwuk kasukan Sang Jayèngmurti. (kembali) |
242 | sampun. (kembali) |
243 | kêdhaton (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
244 | kira-kiranên. (kembali) |
245 | Lebih satu suku kata: kawrat ratu sèwu. (kembali) |
246 | linuwih. (kembali) |
247 | Lebih satu suku kata: dèn gêdhe sukurira mring Widi. (kembali) |
248 | Lebih tiga suku kata: Umarmaya poma sira radèn. (kembali) |
249 | angabêkti (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
250 | Kurang satu suku kata: dhumatêng Arya Betaljêngmure. (kembali) |
251 | bodhol. (kembali) |
252 | Lebih satu suku kata: sampun bubar sabalane Amir. (kembali) |
253 | Kurang satu suku kata: ing wingking rêbab kalawan suling. (kembali) |
254 | kalintang (dan di tempat lain). (kembali) |
255 | amomong (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
256 | Muntalib. (kembali) |
257 | kadhaton (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
258 | Kurang satu suku kata: kalawan wau kang rayi. (kembali) |
259 | satriya. (kembali) |
260 | anyar. (kembali) |
261 | Kurang satu suku kata: dhatêng wau sira Maktal. (kembali) |
262 | nunjang-nunjang. (kembali) |
263 | Jêmbul. (kembali) |
264 | Kurang satu suku kata: ya asuka uningaa. (kembali) |
265 | Lebih satu suku kata: yèn bakale dipun rêbut. (kembali) |
266 | Menak (dan di tempat lain). (kembali) |
267 | Kurang satu suku kata: eca agunêman kawis. (kembali) |
268 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: utusan Sang Prabu Jobin. (kembali) |
269 | Lebih dua suku kata: Ki Bêstak ngiring nèng wuri. (kembali) |
270 | Lebih satu suku kata: pan pinarak sang nata ing pagêlaran. (kembali) |
271 | Kata ini kurang jelas. (kembali) |
272 | Lebih satu suku kata. (kembali) |
273 | Lebih satu suku kata: tan kawarna ing margi. (kembali) |
274 | sitibêntar. (kembali) |
275 | Kurang satu suku kata: Sang Nursewan têdhak saking sitibêntar. (kembali) |
276 | nungkêmi. (kembali) |
277 | Lebih satu suku kata: dene nora kayaa. (kembali) |
278 | ngêntrog. (kembali) |
279 | Lebih dua suku kata: tobat turun ping sawidak. (kembali) |
280 | bundhas. (kembali) |
281 | Lebih satu suku kata: Nursewan asru angling. (kembali) |
282 | aprapta. (kembali) |
283 | Sungsang. (kembali) |
284 | Kurang satu suku kata: warnanên ingkang lumampah. (kembali) |
285 | pinarak. (kembali) |
286 | andhèr (dan di tempat lain). (kembali) |
287 | konjêm. (kembali) |
288 | Kurang satu suku kata: apan ta awarna-warna. (kembali) |
289 | Lebih satu suku kata: nulya pinapag aglis. (kembali) |
290 | Kurang satu suku kata: maring Sang Raja Lamdahur. (kembali) |
291 | duta. (kembali) |
292 | saking. (kembali) |
293 | Lebih satu suku kata: Maktal anapa aglis. (kembali) |
294 | Selamiring. (kembali) |
295 | Lebih satu suku kata: lawan ingsun lawan sira asebaa. (kembali) |
296 | Lebih satu suku kata: Rêtna Dèwi Munigarim. (kembali) |
297 | abang. (kembali) |
298 | Kurang satu suku kata: tan tutug amaos sêrat. (kembali) |
299 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: Malang Mujur Sungsang Sarik. (kembali) |
300 | Lebih satu suku kata: ngandika kang pra prajurit. (kembali) |
301 | Lebih satu suku kata: pasang rakiting yuda. (kembali) |
302 | wade. (kembali) |
303 | dhatêng. (kembali) |
304 | Kurang satu suku kata: datan anganggo tata. (kembali) |
305 | lir. (kembali) |
306 | umyung. (kembali) |
307 | Lebih satu suku kata: kang kocapa wau Sang Pramodèngsatru. (kembali) |
308 | Lebih satu suku kata: Jayènglaga ing barisan wus prapti. (kembali) |
309 | para. (kembali) |
310 | Lebih satu suku kata: lan prajurit para ratu. (kembali) |
311 | kasaput. (kembali) |
312 | angrêrangin. (kembali) |
313 | Kurang satu suku kata: miwah satriya prajurit. (kembali) |
314 | tangtangên. (kembali) |
315 | gya. (kembali) |
316 | Kurang lima suku kata, dan biasanya guru lagu u. (kembali) |
317 | Kurang empat suku kata. (kembali) |
318 | Sebagian dari bait ini diulang pada bait 15 di bawah. (kembali) |
319 | Bait ini hampir identik dengan bait 16 di bawah. (kembali) |
320 | sigra. (kembali) |
321 | lêksananira. (kembali) |
322 | Kurang satu suku kata: arame gêbang-ginêbang. (kembali) |
323 | Lebih satu suku kata: kasliring Sungsang Sarik dèn larihi. (kembali) |
324 | Lebih satu suku kata: aniba saking kuda. (kembali) |
325 | Kurang dua suku kata. (kembali) |
326 | Lebih satu suku kata: Sungsang Sarik sampun dipun gosongi. (kembali) |
327 | Lebih satu suku kata: lah payo Tanus Tantanus. (kembali) |
328 | tinumbak. (kembali) |
329 | aglis. (kembali) |
330 | anandêrakên. (kembali) |
331 | Kurang satu suku kata: apan iya nora pasah. (kembali) |
332 | amung. (kembali) |
333 | tanpa (dan di tempat lain). (kembali) |
334 | pratamèng. (kembali) |
335 | Jobin. (kembali) |
336 | têlu. (kembali) |
337 | Lebih dua suku kata: gada parise waja. (kembali) |
338 | Kurang dua suku kata: murub mêtu kang api. (kembali) |
339 | Lebih satu suku kata: apan kasaput wêngi. (kembali) |
340 | kanin. (kembali) |
341 | kewala. (kembali) |
342 | Lebih satu gatra: gatra ke-5 seharusnya tidak ada. (kembali) |
343 | Kurang satu suku kata: ingkang rayi dèn sungkêmi. (kembali) |
344 | Lebih satu suku kata: pira-pira pênlangsane Umarmaya. (kembali) |
345 | anjêtung. (kembali) |
346 | Lebih satu suku kata: anjêtung tanpa ngucap. (kembali) |
347 | Lebih satu suku kata: dadya tingalnya wêning. (kembali) |
348 | Lebih satu suku kata: dene ing barisan. (kembali) |
349 | ngong. (kembali) |
350 | Lebih satu suku kata: sampun rêmbug sakathahe para nata. (kembali) |
351 | Kurang satu suku kata: Jayènglaga angranuhi. (kembali) |
352 | Lebih satu suku kata: rêmbug sadaya. (kembali) |
353 | Kurang satu suku kata: ginarêbêg ing prajurit. (kembali) |
354 | pambayunira. (kembali) |
355 | Lebih satu gatra: gatra ke-4 seharusnya tidak ada. (kembali) |
356 | sumungkêm. (kembali) |
357 | anyenggol. (kembali) |
358 | Lebih satu suku kata: ingkang akaron rêsmi. (kembali) |
359 | Lebih satu suku kata: apelag kang warna. (kembali) |
360 | Rêtna. (kembali) |
361 | gumanti. (kembali) |
362 | Lebih satu suku kata: pêpungun sri narapati. (kembali) |
363 | dipun (dan di tempat lain). (kembali) |
364 | Lebih satu suku kata: Sadatsatir nèng ngajêngan. (kembali) |
365 | kongkon. (kembali) |
366 | Lebih satu suku kata: tulung nagara Ngajrêrak. (kembali) |
367 | Biasanya guru lagu i: Sadatsatir. (kembali) |
368 | Lebih satu suku kata: lali yèn mangun yuda. (kembali) |
369 | Kurang satu suku kata: akalawan garwanipun. (kembali) |
370 | Dèwi. (kembali) |
371 | Kurang satu suku kata: ingkang lagya pêpasihan. (kembali) |
372 | midêr-midêr. (kembali) |
373 | jim. (kembali) |
374 | Kurang satu suku kata: dening rama sang akatong. (kembali) |
375 | Lebih satu suku kata: dhatêng nagri Ngajrêrak. (kembali) |
376 | dèn. (kembali) |
377 | amarentah. (kembali) |
378 | Lebih satu suku kata: rama tuwan datan sudi. (kembali) |
379 | bêkti. (kembali) |
380 | Lebih satu suku kata: sakêdhap netra prapta. (kembali) |
381 | Lebih dua suku kata: Sang Jayènglaga wuwuse. (kembali) |
382 | lawan. (kembali) |
383 | Lebih satu suku kata: kêbat lampahe lir kilat. (kembali) |
384 | warnanên (dan di tempat lain). (kembali) |
385 | Lebih satu suku kata: mangke kadhaton sonya. (kembali) |
386 | Kurang lima suku kata. (kembali) |
387 | bobotipun (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
388 | Kurang enam gatra: gatra ke-2 (8a), ke-3 (8e/o), ke-4 (8a), ke-5 (7a), ke-6 (8u), dan ke-7 (7a). (kembali) |
389 | Kurang satu suku kata: Nini Dèwi Muninggar. (kembali) |
390 | kurang satu suku kata: sakèhe putri êjim. (kembali) |
391 | amrik. (kembali) |
392 | Kurang satu suku kata: rinêbuta wong sèwu măngsa mundura. (kembali) |
393 | angalap. (kembali) |
394 | madu. (kembali) |
395 | Lebih satu suku kata: kaguntur gunung mênyan. (kembali) |
396 | supados. (kembali) |
397 | lamun. (kembali) |
398 | Kurang dua suku kata: lawan Jabalkap anênggih. (kembali) |
399 | anggèr (dan di tempat lain). (kembali) |
400 | anumpu. (kembali) |
401 | buron. (kembali) |
402 | Kurang satu suku kata: apan sajêk kula prêrang. (kembali) |
403 | anjêmpalik. (kembali) |
404 | galundhung. (kembali) |
405 | Lebih dua suku kata: ngangah-angah angêrik-ngêrik anungsang. (kembali) |
406 | Lebih satu suku kata: baya iki Prabu Ngajrak. (kembali) |
407 | pangrintihe. (kembali) |
408 | Lebih satu suku kata: pan sadaya sarêng mirsa ingkang pêtak. (kembali) |
409 | Kilir. (kembali) |
410 | Lebih dua suku kata: Jayènglaga pinarak nèng pagêlaran. (kembali) |
411 | Lebih satu suku kata: wus miyos Prabu Ngajrêrak. (kembali) |
412 | Lebih satu suku kata: Sadatsatir anèng ngandhap. (kembali) |
413 | Lebih satu suku kata: langkung sihe sang nata dhatêng Wong Menak. (kembali) |
414 | Lebih satu suku kata: angrangin syaranya sri. (kembali) |
415 | Lebih satu suku kata: samya nganyutakên ati. (kembali) |
416 | Lebih satu suku kata: mirsa yèn sang nata prapti. (kembali) |
417 | madyane. (kembali) |
418 | liniring-liring. (kembali) |
419 | mênggah-mênggah. (kembali) |
420 | Lebih satu suku kata: akarsa dhingini angling. (kembali) |
421 | wêndran. (kembali) |
422 | angrangkul. (kembali) |
423 | êmbanan. (kembali) |
424 | ruming. (kembali) |
425 | Lebih satu suku kata: mila ingsung lênglêng brăngta. (kembali) |
426 | dèwi. (kembali) |
427 | Lebih satu suku kata: mung sira dewaning krama. (kembali) |
428 | pindha-pindha. (kembali) |
429 | pinriyêmbada. (kembali) |
430 | luntur. (kembali) |
431 | marentaha. (kembali) |
432 | Lebih dua suku kata: ngaras jaja alon. (kembali) |
433 | udhunna. (kembali) |
434 | Lebih satu suku kata: yèn sampun sare sumăngga mami. (kembali) |
435 | Lebih satu suku kata: nadyan sarea kalawan gusti. (kembali) |
436 | Lebih satu suku kata: kadrawasan sang dyah sambat mati. (kembali) |
437 | paturon. (kembali) |
438 | anglalêntrih. (kembali) |
439 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu i: siniraman aglis. (kembali) |
440 | Lebih satu suku kata: Prabu Ngajrak sineba enjinge. (kembali) |
441 | Kurang satu suku kata: ning pagêlaran sri narapati. (kembali) |
442 | Lebih satu suku kata: atarap nèng ngarsi. (kembali) |
443 | tinon. (kembali) |
444 | Lebih satu suku kata: para ratu jim yèn tinon asri. (kembali) |
445 | imana. (kembali) |
446 | Lebih satu suku kata: pan kawula bisa nguripake. (kembali) |
447 | natèng. (kembali) |
448 | Lebih satu suku kata: sumăngga wak ingong. (kembali) |
449 | parentahe. (kembali) |
450 | Lebih dua suku kata: sabên ari manggung karon rêsmi. (kembali) |
451 | panjanging. (kembali) |
452 | Kurang satu suku kata: tan winarna pinanjang ing kawi. (kembali) |
453 | saniyate. (kembali) |
454 | endah (dan di tempat lain). (kembali) |
455 | Lebih satu suku kata: lêkêring wadana angêblêgi. (kembali) |
456 | Kurang tiga suku kata. (kembali) |
457 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
458 | mangkono. (kembali) |
459 | bêsturu. (kembali) |
460 | antêp. (kembali) |
461 | anyandhak. (kembali) |
462 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
463 | Lebih satu suku kata: parênesan satêmahan anêmêni. (kembali) |
464 | kenging. (kembali) |
465 | Lebih satu suku kata: iya bênêr Ki Sadatsatir. (kembali) |
466 | Lebih satu suku kata: nora katon nêgarane bosah-basih. (kembali) |
467 | mantuk. (kembali) |
468 | Lebih satu suku kata: pan wus gendholan kukuh. (kembali) |
469 | mumbul. (kembali) |
470 | Lebih satu suku kata: mantuk mring nagrinira. (kembali) |
471 | Kurang satu suku kata: kêbat lampahe lir kilat thathit. (kembali) |
472 | Lebih satu suku kata: sêgara êndhut awiyar. (kembali) |
473 | Lebih satu suku kata: anglir pêpêdhut pêtênge. (kembali) |
474 | Lebih satu suku kata: kadya samodra kukus. (kembali) |
475 | Lebih satu suku kata: mung tinêdha palamarta tuwan sigih. (kembali) |
476 | Lebih dua suku kata, dan biasanya guru lagu i: pagunêman pan sarya lumaris. (kembali) |
477 | lampahira. (kembali) |
478 | Lebih satu suku kata: tan uninga lêpas lampahira. (kembali) |
479 | Lebih satu suku kata: apan sampun kungkulan. (kembali) |
480 | Lebih satu suku kata: sampun ngambah nèng dharatan. (kembali) |
481 | Ambyah. (kembali) |
482 | kantuna (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
483 | Lebih satu suku kata: kêbat lir kilat lampahe. (kembali) |
484 | ngaub. (kembali) |
485 | Kurang satu suku kata: ciptanira arsa angaub sadhidhik. (kembali) |
486 | anglêgorong. (kembali) |
487 | Lebih satu suku kata: Jayènglaga prayitnèng wèsthi. (kembali) |
488 | cinêlorakêna. (kembali) |
489 | Lebih satu suku kata: cinêlorakên ulate. (kembali) |
490 | ngarsa. (kembali) |
491 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: ing gusti pukulun. (kembali) |
492 | Lebih satu suku kata: sura dênawa matur ngabêkti. (kembali) |
493 | kawula. (kembali) |
494 | Biasanya guru lagu e. (kembali) |
495 | Durgamanik. (kembali) |
496 | bêdhèl. (kembali) |
497 | Lebih satu suku kata: kawula tan lênggana. (kembali) |
498 | êjim (dan di tempat lain). (kembali) |
499 | Biasanya guru lagu i: êjim. (kembali) |
500 | Lebih satu suku kata: sun wruhkên padhang hawa. (kembali) |
501 | Kurang satu suku kata: lah iya têka abêcik. (kembali) |
502 | Lebih satu suku kata: iya ngong akali iya. (kembali) |
503 | Lebih satu suku kata: sura dênawa mangkya ngling. (kembali) |
504 | Kurang dua suku kata: Jayènglaga munggèng gendholan akukuh. (kembali) |
505 | nênggêl (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
506 | Lebih satu suku kata: ngawang-awang Ranès anênggêl inggil. (kembali) |
507 | malêsat. (kembali) |
508 | Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: ya Nabi Kilir ika. (kembali) |
509 | Lebih satu suku kata: wus roro dadya satunggal. (kembali) |
510 | cinandhak. (kembali) |
511 | Lebih satu suku kata: ge sira nolèh lon-lonan. (kembali) |
512 | antakusuma. (kembali) |
513 | Lebih dua suku kata: sinjang pinjung akècèr anèng margi. (kembali) |
514 | gandane. (kembali) |
515 | pinjung. (kembali) |
516 | Lebih satu suku kata: sampur lawan rasukan. (kembali) |
517 | kurang satu suku kata: saksana angungak ranu. (kembali) |
518 | sinjang. (kembali) |
519 | pinaranan. (kembali) |
520 | dêdimone. (kembali) |
521 | Kurang satu suku kata: cilam-cilum anèng ing sajroning banyu. (kembali) |
522 | Setelah bait ini, penyalin memulai bait baru yang identik dengan bait ini, tetapi berhenti setelah baris pertama ketika ia menyadari pengulangan: lah nadha [nêdha] sira mêntasa. (kembali) |
523 | Lebih satu suku kata: yèn tuwa sun aku bapa. (kembali) |
524 | binêntingakên. (kembali) |
525 | Lebih satu suku kata: binêntingakên sêmona. (kembali) |
526 | Kurang satu suku kata: ing wau ta sang juwita. (kembali) |
527 | Lebih satu suku kata: sampun mêntas saking banyu. (kembali) |
528 | Sêkarrêsmi (dan di tempat lain). (kembali) |
529 | Biasanya guru lagu e/o: akire. (kembali) |
530 | Kurang satu suku kata: nêngêna Sang Jayènglaga. (kembali) |
531 | Lebih satu suku kata: pun Ranès nèng awang-awang. (kembali) |
532 | Kurang satu suku kata: alah sira Ranès prapta. (kembali) |
533 | Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: pun Ranès atur sêmbah. (kembali) |
534 | Kurang satu suku kata: sarêng buwang dhatêng gusti. (kembali) |
535 | lèrèn-lèrèn. (kembali) |
536 | adangu. (kembali) |
537 | sandika. (kembali) |
538 | ngayun. (kembali) |
539 | Lebih satu suku kata: Sang Jayènglaga tumêdhak. (kembali) |
540 | ngongkang. (kembali) |
541 | mahêrib. (kembali) |
542 | Lebih satu suku kata: wong muluk yèn dinamonan. (kembali) |
543 | Biasanya guru lagu a. (kembali) |
544 | Lebih satu suku kata: dangu dènnya ngarih-arih. (kembali) |
545 | sawèntèhane. (kembali) |
546 | Lebih satu suku kata: lir sawèntèhe iya. (kembali) |
547 | Kurang satu suku kata: êjim prêri apan nora. (kembali) |
548 | Ranès. (kembali) |
549 | Lebih satu suku kata: nora rupa ditya. (kembali) |
550 | minăngsa. (kembali) |
551 | angèstokakên. (kembali) |
552 | pincang. (kembali) |
553 | Lebih satu suku kata: gya tinurunan. (kembali) |
554 | prihatin (dan di tempat lain). (kembali) |
555 | Lebih tiga gatra: gatra ke-3, ke-4, dan ke-5 dobel. (kembali) |
556 | tinanya. (kembali) |
557 | Lebih satu suku kata: ayya ingong candhak. (kembali) |
558 | krêracake (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
559 | sinalinan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
560 | Lebih satu suku kata: kabèh wus sun salini. (kembali) |
561 | andikaning. (kembali) |
562 | asalin. (kembali) |
563 | sokur (dan di tempat lain). (kembali) |
564 | êncot-êncot. (kembali) |
565 | Lebih satu suku kata: dèn êncot-êncot kuwawi. (kembali) |
566 | ngênting. (kembali) |
567 | angsal (dan di tempat lain). (kembali) |
568 | Lebih satu suku kata: ngalun-alun myang pasar. (kembali) |