Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 30–31)

Judul
Sambungan
1. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 01–09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
2. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 10–29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
3. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 30–31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
4. Cênthini, H. Buning, 1922, #105 (Jilid 01: Pupuh 32–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Sêrat Cênthini.
Citra
Terakhir diubah: 05-07-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

30. Pocung

1. marmanipun sakèhing uwong amuwus | sun duga ni rara | buntêt tan duwe camimik | milanipun sakèhing wong tinampikan ||

2. yèn lumrahe wong gêdhe samana iku | pasthine yèn ana | ingkang pinilih sawiji | iku ora dadak tinampik sadaya ||

3. yèn wong buntêt andadak kakehan wuwus | pan inggih kathah |[1] kang muwus kadi puniki | pan gumujêng wau Ki Sèh Amongraga ||

4. angling kadi botên kados kang puniku | sawêg dèrèng karsa | ngupaya bojo prayogi | ingkang kangge awal akir yêktinira ||

5. dadi ingsun ngrungu ing wartanirèku | manah mundur mara | bok manira dèn arani | darbe niyat marang ing èstri punika ||

6. tur ta boya pisan-pisan raganingsun | nyiptaa punika | sumêdya ngupaya ngilmi | dadak nuju ing ngrika wontên brusahan ||

7. ingkang angèn maesa ris sauripun | kang amba wicara | pan wus sawarsa puniki | yèn ing mangke têntrêm tan ana pawarta ||

8. winginipun kawula saking ing ngriku | tinjo sanak lara | ala nganggur awak mami | anakèkkên [anakèkkê...]

--- 114 ---

[...n] puniku kang kula ucap ||

9. pan saèstu sampun tan wontên wong rawuh | mikir bab punika | sang monêng mèsêm ing galih | duk samana hyang arka nitih ancala ||

10. ya ta muwus Amongraga manis arum | ngong langkung tarima | pitêdah para mring mami | lah ta sampun manira lajêng kewala ||

11. kang liningan noraga ing sauripun | bok enjing kewala | lamun sotah dalêm kampir | ing pagriyan kawula yèn parêng lêga ||

12. yèn lajua sampun katanggêlan laku | apan èwêd aya | yèn praptaa wêngi-wêngi | yèn kaparêng prayogi enjang kewala ||

13. pintên banggi yèn kawula sagêd tumut | mrih angatêrêna | kalamun lujêng sawêngi | sadayane krandhah ing Bayi Panurtan ||

14. mring kawula sadaya wus sami wanuh | kang dados kabayan | puniku pun Santri Lusi[2] | lêrêsipun nak-sanak lawan kawula ||

15. suka ing tyas sang brata sarêng angrungu | aris saurira | kisanak para ngecani | anyukêri sawêngi nèng wismanira ||

16. lah punapi maksih doh wismanirèku | kang tinênya turnya | dhukuh mêncil kang kaèksi | lah ta age andika mantuk dhingina ||

17. kyai wisma anginthar mantuk rumuhun | sapraptaning wisma | wus mangsit mring rabinèki | lajêng nguwuh ing baturira sakawan ||

18. mung wong papat kang tumut wisma ing ngriku | ya ta sami prapta | wong papat wus dèn poyani | suka lajêng ngrewangi ing rabinira ||

19. olah-olah ing pawon [pawo...]

--- 115 ---

[...n] langkung abikut | ri wusnya mangkana | ki wisma mêthuk wus panggih | lan sang brata lajêng ingaturan lênggah ||

20. sapraptane ing dhukuh sang brata mangu | myat ing palakirna | mawarna langgare cèkli | we tumumpang arêsik kang palataran ||

21. ki wisma ngling paran ing karsanta nêngguh | punapa pinarak | ing wisma tuwin surambi | anauri pênêd surambi kewala ||

22. nulya lajêng mring surambi tata lungguh | mahrib wayahira | lajêng ngambil hèr astuti | lan kang wisma salat mahrib praptèng ngisa ||

23. wusnya bakda lajêng wangsul tata lungguh | Ki Wisma angundang | mring Rubiyah kinèn nuli | angêdalna saanane kang sugata ||

24. kang inguwuh Ni Rubiyah langkung gugup | anata sugata | ri sampunira tumuli | apan nulya sinaosakên mring langgar ||

25. gya tinata sêkul ulam anèng ngayun | ki wisma wacana | lah dawêg tuwan wêwanting | sugatane inggih bok ayu andika ||

26. kang sinung ngling ngecani wêwanting gupuh | dyan lêkas anadhah | pakantuk dènira bukti | sang kaswasih kalangkung kapiutangan ||

27. mring ki wisma dene cakute kalangkung | ya ta sawusira | ambêng ingundurkên nuli | Jamal Jamil ngathêkul dènira mangan ||

28. basngèk tempe lan pindhang sacuwo gêmpur | êndhoge sapanjang | gêmêt ora ana kari | tumpêng loro wah imbuh sêga ing bodhag ||

29. Sèh Mongraga myat ing abdi langkung ngungun | Nuripin pangucap |

--- 116 ---

adhi sampun isin-isin | pan ing ngriki saksat wismanta pribadya ||

30. Jamal Jamil nauri inggih-gihipun | kadospundi kakang | upami kawula mawi | ringa-ringa wontên ing wisma andika ||

31. nadyan inggih sanak anêmbe kapangguh | pangraos kawula | lir tunggil sayayah bibi | Ki Nuripin mèsêm ngong inggih mangkana ||

32. kunêng datan winarna ing ratrinipun | wanci bangun enjang | lêkas salat subuh sami | sabakdane salat samya lêlênggahan ||

33. Sèh Mongraga aris pangandikanipun | marang kaki wisma | yèn sarju karsanirèki | ngong tuduhna ing marga angroning kamal ||

31. Sinom

1. Nuripin aris saurnya | lah inggih dawêg suwawi | kawula dhèrèkkên marang | wismane Ki Jayèngwèsthi | sigra Kyai Nuripin | anguwuh ing rabinipun | prapta gya pinajaran | kariya sun arsa ngiring | arinira iya marang Wanamarta ||

2. mung Pak Kêbak lan Pak Dama | iku kang sun gawa nanging | sira dèn bêcik nèng wisma | mênawa ingsun alami | rabine anyaguhi | sawusnya umangkat gupuh | ing marga tan winarna | praptanira pêcat rakit | Wanamarta sang brata eram tumingal ||

3. tumon srining padhêkahan | agêng anggênggêng kaèksi | wilis kitrinya katingal | dhadhah kinubêng pring ori | roning kang tiris-tiris | têpung janur papahipun | langkung asri kawuryan | wisma kèh pipit aparit | bêbanjêngan latare [latar...]

--- 117 ---

[...e] asêsipatan ||

4. kathah swabawaning desa | janma samya nambut kardi | salire pakaryan ana | pandhe kêmasan lan gêndhing | kundhi kalawan nyingi | sayang angêbur anggêbyur | kang milantên amarna | undhagi miwah mêranggi | kang angukir miwah kang karya landheyan ||

5. bêlandhong lan karya wisma | karya jungkat suri sêrit | miwah tukang cêkathakan | tuwin tukang sela kêrti | jaid kalawan gêrji | myang ngêmalo karya payung | miwah karya orehan | sèsèr sundhit jala jaring | karya sumbul tambir lampit myang kalasa ||

6. karya topèng natah wayang | karya golèk lan cêmpurit | miwah sarungan sênjata | karya kêbut lawan kanthil | kang nglêlêt karya goni | kang gawe epok myang tandhu | kang ngêthèl karya kopyah | panêgar dhalang mêpêki | wong kang sugih alumrah duwe gamêlan ||

7. miwah ingkang karya larap | tuwin pakaryaning èstri | jor-jinoran nambut karya | pangobèng nênun lan bathik | myang tandho barang asil | pan limrah tiyang sadhusun | Wanamarta sadaya | akathah kang sugih-sugih | saking brêkah Jêng Kyai Bayi Panurta ||

8. tan ana budi maksiyat | sakèhing wong jalu èstri | têtêp prasamya ibadah | agami sami agrami | kèh pinangkaning janmi | kang têbih-têbih mariku | ngaji lajêng awisma | jênak tan anêdya mulih | sabab dening gampil pangupajiwanya ||

9. tan ana ingkang kewuhan | êndi kang

--- 118 ---

dèn karêmêni | angajia gaotaa | sarwa akèh sarwa gampil | murah sandhang lan bukti | singa kang dèn êdol payu | wawrate ing adesa | gêmahe kadi nagari | nora ana padudon adoracara ||

10. milane samya kêrasan | traping wong wisma miranti | kumpul lawan karandhahan | sagotra-gotranirèki | wus kasub ing atêbih | dadya pangungsèning dhusun | wêwah tangkar-tumangkar | kang gêgriya winatawis | cacah wisma sèwu rêbat langkungira ||

11. sang mong kingkin duk tumama | manjing ing dhusun tulya sri | mulat rakiting kang wisma | tata narutus naritis | pasitèn gasik masir | pagêr jaro turut lurung | kêncêng sinipat rampak | gapit jêjêt ginalamit | gumarining sang monêng karênan mulat ||

12. tan măntra-măntra ngadesa | solahing wong pan wus kadi | nagari srêgêp ing karya | sabên wisma turut margi | sami dipun dhasari | warung agêng turut lurung | bango samya tangkêban | ngiras èmpèring wismèki | siyang dalu tan ana kang kukud dhasar ||

13. dadya pêpaèsing marga | kang dinol mawarni-warni | kalithik wêsi kuningan | tuwin salaka myang rukmi | miwah sotya myang kêling | pêpak pêpanthan anglajur | grabad samya garabad | kalithik samya kalithik | ingkang adi kêling samya kêkêlingan ||

14. salajur samya nyamikan | sêkul ulam amêpêki | myang panganan lah-olahan [lah-o...]

--- 119 ---

[...lahan] | wowohan awarni-warni | tuwin yèn nuju Paing | kidul ngarsa pagêr dhusun | bangone bêbanjêngan | kajêng agêng kang ngaubi | kajêng kêpoh bibis baga lan karoya ||

15. saengga lun-alunira | yèn nuju pasarannèki | pan kongsi sadina pisan | asar andhap bubar sami | dhasar nèng pinggir kali | kaline kêbak parau | gèthèk pring tumpang sanga | gèthèk balok barêng mili | tuwin kathah bêbakul pikul dharatan ||

16. miwah momot kêkapalan | sapi sapèn amêdhati | kalang èdhèg ngiras wisma | sapalih kang dèn momoti | sasisih dadya panti | gumrit swarane asêlur | cikar kèsèr sêluran | momotan awarni-warni | balantikan lêmbu kapal myang maesa ||

17. kang tumamèng padêdesan | sang monêng lawan Nuripin | lon-lonan sarya ngandika | abênêr tuturirèki | dene sangêt munjuli | sasamining dhusun-dhusun | tan wontên makètêna | gêmahe kadi nagari | Ki Nuripin umatur inggih punika ||

18. kaarjaning Wanamarta | brêkahipun Jêng Kiyai | Bayi Panurta utama | muktine kadi bupati | sang mong kung naur inggih | ki agêng mangunahipun | mangkana urut marga | kathah ingkang kapiyarsi | kang gamêlan ngrêrangin miwah trêbangan ||

19. pasang rekaning pagriyan | anggênggêng marik apipit | gêng-agêng kampung limasan | joglo singub tawon boni | rumat kadya priyayi | pandhapa

--- 120 ---

gandhok lan lumbung | pawon kandhang gêdhogan | tajug sarta lawang kori | myang pakiwan pagupon lan pambathikan ||

20. kang para sugih mangkana | rakiting wisma miranti | kang duwe awirya-wirya | angkuhe wus kadi mantri | samya ulah kamuktin | lan têtêp ibadahipun | latar rêsik sinaba | ing ayam putih kêbiri | miwah dara pèrsi lan banyak kambangan ||

21. adhewe-dhewe rekanya | ungkul-ingungkulan sami | lawang kori ingapikan | samya pinipil arêmit | myang pinulas mawarni | supaya amrih kadulu | kang liwat pêpasaran | solahe samya birai | pinarantèn lawang kadya pangampiran ||

22. sang mong wingit kawilêtan | laju malih aningali | masjide agêng nèng têngah | gumuruh santri angaji | dhasar amangku kali | iline agêng binêndung | ingêjogkên balumbang | balumbang agêng ing masjid | toyanira awêning pan kadya kaca ||

23. ingingonan ulam kathah | sagung kang ulam banawi | pan kinarya kalangênan | ulam pinatut ing gêndhing | ulam panyuwuk adil | lawan ulam janma kampuh | ulam sêmune duka | ulam lare anggalidhig | lawan ulam kang marga karya simpangan ||

24. kang ulam balung kalapa | ulam ginunggung ing laki | lan ulam padaka cêrma | ulam tambanging undhagi | ulam tansah angradin | lan ulam manggung tan emut | ulam janma malarat | ulam pamiwaling [pami...]

--- 121 ---

[...waling] laki | lawan ulam janma bêsus bêbedhangan ||

25. lan ulam jayèng kalpika | lan ulam panggugah janmi | ulam panjaluking potang | lan ulan ciptaning kaki | ulam groboh ing kardi | ulam pamêksaning laku | ulam nêmu kelangan | ulam pandaming wong kêmit | lawan ulam janma wire abusana ||

26. lan ulam guthul gambira | lawan ulam wohing dami | kang ulam luwar binănda | tuwin ulam tansah asih | lan ulam bênang rukmi | miwah kang ulam prang pupuh | ulam kayu pinasah | ulam pangêsuking jurit | lawan ulam sêmune jati angarang ||

27. tuwin ulam netra jingga | lan ulam rangkêp kulambi | ulam timbrahing wêdêlan | lan ulam rusaking baris | lan ulam wiji sêmi | lan ulam pangulu-ulu | ulam janma carita | ulam cirining atitik | tuwin ulam kasusu ngombe kasatan ||

28. lan ulam anggung sêsuta | myang ulam wêtêng malênthi | lan ulam mêmêthès warah | ulam pawèh kèn nanggapi | ulam ambêbolèhi | lan ulam jêjêring wuwus | lan ulam jamang jaja | ulam paraboting mantri | lawan ulam tumbak pangêndhak dipăngga ||

29. lan ulam anggung katingal | tuwin ulam rêmbug dadi | lan ulam bêsus ingundha | myang ulam sêsawat kancil | lan ulam dandang cêmpli | miwah ulam lèrèk badhut | ulam sêsawi dhadhah [dha...]

--- 122 ---

[...dhah] | lawan ulam sudhung pêksi | lawan ulam kang wus padhang-pinadhangan ||

30. lawan ulam mathis gănja | lan ulam sêgrok kalêntik | lawan ulam anggung gănda | miwah ulam tansah jurit | lawan ulam tumbak pring | tuwin ulam janma busuk | myang ulam nèng panasan | lawan ulam piring siti | miwah ulam bêdhandho manah kewuhan ||

31. lawan ulam wêdhus jamprah | ulam patut anggêntèni | lan ulam pacul katuwan | tuwin ulam pêksi langking | ulam jêtmika tuwin | ulam ingkang ngabên dhuwung | ulam janma amayang | lan ulam rada abaring | tuwin ulam rare kudu milu lunga ||

32. lan ulam kayu ginăngsa | ulam panggrêsahing santri | lan ulam ngêpuh parudan | lan ulam pangêgol siti | lan ulam angêmpoki | miwah ulam mêtêng sêpuh | ulam èstri katawan | myang ulam tan kêna lali | lawan ulam janma godhèg brêngos crapang ||

33. lawan ulam anggung sirna | myang ulam kincanging alis | ulam salamêting sawah | ulam palange wong bathik | ulam kalalar mênir | ulam pangundanging kuthuk | ulam judhêging lampah | ulam katanggungan linggih | lawan ulam ngintir-intir nyaur utang ||

34. tuwin ulam kadang tuwa | lan ulam tarêbang muni | myang ulam kênya busana | ulam netra pucat isin | ulam sapuluh dhuwit | ulam pamêdharing kapuk | ulam batur maejan [ma...]

--- 123 ---

[...ejan] | ulam rimbaganing picis | lawan ulam janma kèh tansah arungan ||

35. jawabe kang wêwangsalan | ulam kang tumrap ing gêndhing | pan kinarya cêcangkriman | jarwane sawiji-wiji | tămbra panyuwuk adil | badhèr ingkang janma kampuh | mangut sêmune duka | gramèh rare anggalidhig | ulam sidhat marga kinarya simpangan ||

36. bêthok kang balung kalapa | mèlêm ginunggung ing laki | talumpah padaka cêrma | sipat tambanging undhagi | papar tansah angradin | kalalèn manggung tan emut | jambal janma malarat | pacal pawiwaling laki | ulam lele janma bêsus bêbedhangan ||

37. jayèng cincin wirasoca | têngiri panggugah janmi | tagèh panjaluking potang | lêmpuk kasêptaning kaki | wagal groboh ing kardi | bêrot pamêksaning laku | sili nêmu kelangan | kêting pandaming wong kêmit | ulam badhèr janma wire abusana ||

38. ucêng guthul agambira | wadêr pari wohing dami | kocolan luwar binănda | wêlut ingkang tansah asih | parêmas bênang rukmi | jaga ripu pêrang pupuh | pêlus kayu pinasah | surung pangêsuking jurit | sênggaringan sêmune jati angarang ||

39. ulam bèlès netra jingga | lopis rangkêping kulambi | balutak timbrah wêdêlan | kadhalan rusaking baris | cakul kang wiji sêmi | dêlêg kang pangulu-ulu | kotès janma carita | tawès cirining atitik | ulam kakab kasusu ngombe

--- 124 ---

kasatan ||

40. balan kang anggung sêsuta | bèkèl kang wadhuk malênthi | rêng-arêng pamêthès warah | palung pawèh kèn nanggapi | urang ambêbolèhi | kada jêjêring pamuwus | kêlalung jamang jaja | rêbon paraboting mantri | pan tikusan tumbak pangêndhak dipăngga ||

41. taton kang manggung katingal | giligan kang rêmbug dadi | gambrêt kang bêsus ingundha | bêncolèng sêsawat kancil | jêjêndhil dandang cêmpli | lerong ingkang tèrèk badhut | jaligêr sawi dhadhah | susuh ingkang sudhung pêksi | damar wulan kang wus padhang-pinadhangan ||

42. sêbit kontar mathis gănja | sogok prana sêgrok klêntik | lubêt ingkang angsung gănda | pamprang kang tansah ajurit | garanggang tumbak êpring | ulam lundhu janma busuk | êpe munggwèng panasan | lèmpèr ingkang piring siti | ulam grago bêdandho manah kewuhan ||

43. berok ingkang wêdhus jamprah | sènggrêng pantês anggêntèni | bogêrang pacul katuwan | gagakan kang pêksi langking | gatêng kang jêtmikani | kacangan angabên dhuwung | dhalang janma amayang | galêndhêng rada abaring | pan kaluyu rare kudu milu lunga ||

44. arêngkang kayu ginăngsa | sêbut panggrêsahing santri | mêrêsi ngêpuh parudan | ungkil pangêgoling siti | bêkêm ulam ngêmpoki | jêmblung ingkang mêtêng sêpuh | beyongan èstri tawan | uling kang tan kênèng lali | pan jabrisan janma godhèg brêngos capang ||

45. sêmbilang

--- 125 ---

kang anggung sirna | udhèt pangincanging alis | bulus salamêting sawah | dhawangan palang wong bathik | kêtul kalalar mênir | kura pangundanging kuthuk | kodhok judhêg ing lampah | bangkong katanggungan linggih | pan parêcil ngintir-intir nyaur utang ||

46. kongkang ingkang kadang tuwa | cebong kang tarêbang muni | yuyu kênya abusana | bèyès netra pucat isin | kowangan dasa dhuwit | bibis pangiwêring kapuk | kijing batur maejan | wadêr pèthèk rimbag picis | ulam sriwêt janma kèh tansah arungan ||

47. tumon srining sêsêkaran | samya pinatut ing gêndhing | kang sêkar jabung payudan | lan sêkar mandhêg anolih | sêkar panggugah mantri | miwah sêkar kang pinanggul | lawan sêkar kabănda | myang sêkar paninda radin | lawan malih nênggih kang sêkar wiraga ||

48. lawan sêkar anggung liwat | miwah sêkar soring alis | kalawan sêkar kapita | tuwin sêkar pondhoh cêngkir | sêkar panambang pêksi | lawan sêkar waja jamus | miwah sêkar angkatan | lawan sêkar janma mantri | lawan sêkar parawan mati abela ||

49. lawan sêkar kasêntana | myang sêkar bonang kapêncil | lawan sêkar palinyokan | lawan sêkar netra arip | sêkar panambang janmi | lawan sêkar janma sungsun | lan sêkar cacad awak | lawan sêkar gănda wangi | tuwin sêkar ing prênah kêdah kapisah ||

50. miwah sêkar mangan ujar | lawan sêkar soring wêntis | tuwin kang sêkar kasumpah [ka...]

--- 126 ---

[...sumpah] | cêlakan sêkar sridênti | sêkar boboting kawis | lawan sêkar janma sêpuh | sêkar kang tanpa ngucap | sêkar tan patut ing gêndhing | lawan sêkar ingkang kapisah ing toya ||

51. sêkar èstri jêjamahan | lawan sêkar aprang tandhing | cêlak sêkar mêngku praja | sêkar kancana rinujit | sêkar kang asung warti | sarpa sênên jaga mungsuh | nututi mandhi angkah | lan sêkar bapakne kaki | sungsung guyu sahing priya nitih swara ||

52. dene jawabing kang sêkar | jarwane sawiji-wiji | jalamprang jabung payudan | giyanti mandhêg anolih | wungu panggugah mantri | sêkar bopong kang pinanggul | kalak ingkang kabănda | kapurănta ninda radin | sêkar pudhak nênggih kang sêkar wiraga ||

53. wora-wari anggung liwat | prabu sèt mata sor alis | kêmuning sêkar kapita | sêkar sempol pondhoh cêngkir | mênur panambang pêksi | malathi kang waja jamus | tanjung sêkar angkatan | wong araga janma mantri | rara kêndhat parawan mati abela ||

54. sêkar dangan kang sêntana | sêkar têlêng aningali | gambir ingkang ati bigar | kênanga bonang kapêncil | kêtambang wong atali | wong arumpuk janma sungsun | pacar pisah ing prênah | widasari gănda wangi | ragaina kang sêkar cacading awak ||

55. horok korok mangan ujar | sêkar gêmpol soring wêntis | sêkar sungsang kang kasumpah | sridênta sêkar srigadhing | bobot [bo...]

--- 127 ---

[...bot] sêkar wratsari | măndhakaki janma sêpuh | mangunêng tanpa ngucap | saruni tan patut gêndhing | pacar banyu sêkar kapisah ing toya ||

56. purba nagri mêngku praja | turi ingkang netra arip | sundêl malêm jêjamahan | dalingsêm sungsung guywèki | kilayu anututi | sêkar soka anggung guyu | linyok kang puspa nyidra | dalima wantah prang tandhing | kang adhakan nênggih kang sêkar capaka ||

57. rêmbuyut kakining bapa | têlutur kang angsung warti | rêgulo amandhi angkah | sarpa sênên nagasari | karandhang sahing laki | jaga satru jaga mungsuh | kêncana rinumpaka | sêkar mas ingkang kinikir | niti swara nênggih kang sêkar kalurak ||

58. miwah kang kitri mawarna | samya pinatut ing gêndhing | uwoh pangêbanging basa | lawan woh ngaso ing margi | woh padu ambêkisik | lawan woh tinantang purun | uwoh sobrah ing sirah | miwah uwoh tumpang tindhih | lawan uwoh janma cidra ing ubaya ||

59. miwah uwoh kaca netra | miwah woh luntur ing siti | miwah woh turăngga buntal | lawan woh wangsul ing margi | myang woh saranging mangsi | woh kêna tansah kabrawuk | miwah woh tanpa basa | miwah woh trapsila ajrih | miwah wohing ciri pratăndha nawala ||

60. miwah uwoh angsung pêkah | tuwin woh dêdalan bayi | uwoh ingkang dora tata | lan woh pamuluking bukti | uwoh rasaning gêni | lan woh saparoning puluh | miwah woh

--- 128 ---

têgal băngka | kang uwoh munggèng rêragi | lawan uwoh janma busana rikatan ||

61. miwah uwoh ngancam-ancam | lawan woh lare nututi | tuwin woh pada gininda | lan woh wismaning priyayi | miwah woh anggung tilik | lan woh pangantèn wus atut | tuwin woh siti andhap | lawan woh kasusu aglis | lawan uwoh tomboking janma totohan ||

62. uwoh punjuling wilangan | lan uwoh wus kaki-kaki | myang uwoh walêsan pikat | uwoh ingkang pêndhok warni | uwoh janma pêpênging | lawan uwoh sandhang manuk | uwoh kang akèn luwar | uwoh êrong munggwèng kitri | lawan uwoh panatabe ing gamêlan ||

63. jawabe ingkang wangsalan | uwoh pinatut ing gêndhing | gêdhang pangêbanging basa | durèn kang ngaso ing margi | pakèl kang ambêkicik | kuwèni tinantang purun | rambutan sobrah sirah | kêmundhung kang tumpang tindhih | pan kaleca janma cidra ing ubaya ||

64. sêmak ingkang kaca netra | manggis kang luntur ing siti | năngka kang turăngga buntal | balimbing wangsul ing margi | jirak saranging mangsi | sawo kang tansah kabrawuk | kokosan tanpa basa | dhuku kang trêpsila ajrih | pan kêcapi ciri pratăndha nawala ||

65. srikaya kang angsung pêkah | jêruk dêdalaning bayi | warêsah kang ora tata | kêpêl pamuluking bukti | nanas rasaning gêni | dalima paroning pupuh | malowa

--- 129 ---

têgal băngka | jambu kang munggwèng rêragi | dhuwêt ingkang janma busana rikatan ||

66. gayam kang angancam-ancam | kalayu rare nututi | pijêtan pada gininda | pêlêm wismaning priyayi | malinjo anggung tilik | carême pangantèn atut | kalêmbak siti andhap | salak kang kasusu aglis | wohing mundhu tomboking janma totohan ||

67. kang luwih punjul wilangan | sukun wong kang kaki-kaki | sêntul kang walêsan pikat | êlo ingkang pêndhok warni | maja janma pêpênging | bulu ingkang sandhang manuk | kawista akèn luwar | gowok êrong mungwèng kitri | apan wuni panatabe ing gamêlan ||

68. pala kapêndhêm kasimpar | samya pinatut ing gêndhing | pala kang rare ugungan | pala tăndha warêg bukti | pala minggah ing ardi | pala mênawa andulu | pala kêpala ngarsa | lan pala toyaning tangis | miwah pala anggung dadya mêmungsuhan ||

69. pala têlasing pamangan | pala pamudharing wèni | kang pala bojoning bapa | lawan pala talang kêndhi | pala nyimpang ing margi | pala kang wêwinih padu | pala pêngêpe raga | pala kang kumudu amrik | lawan pala praptane nora barêngan ||

70. pala janma kalumpukan | pala kang cêtha yèn angling | pala kasuwèn memeyan | pala basa krama adi | pala kêkêmbên wilis | pala gêring pipi lêmu | pala pangudhar bênang | pala basa lagi-lagi | lawan pala parang

--- 130 ---

jaja ing wanita ||

71. pala pangugêr turăngga | lan pala pêgating tali | pala maju prang pribadya | myang pala bêrkutut muni | pala wus mari brangti | pala kang marga binuntu | pala sinjang kapêlak | pala kang kinêmbar jurit | lawan pala trênggalung datanpa baga ||

72. kang pala mulyaning lara | pala sumêlanging ati | pala salaganing langgar | pala moyok ngisin-isin | pala nora ngrêmbugi | pala patrapaning luput | pala sutra rangrangan | pala pangundang sutèstri | lawan pala wiji èsèl wêwutuhan ||

73. jawabe kang wêwangsalan | pala pinatut ing gêndhing | kurma kang rare ugungan | têbu tăndha warêg bukti | sêmăngka minggah ardi | timun mênawa andulu | krai kapala ngarsa | waluh kang toyaning tangis | apan bêstru anggung dadya mêmungsuhan ||

74. otèk têlasing pamangan | pare pamudharing wèni | lombok kang bojoning bapa | terong ingkang talang kêndhi | cipir nyimpang ing margi | kara kang wêwinih padu | gudhe pangêpe raga | kêmangi kumudu amrik | ranti ingkang praptane nora barêngan ||

75. kimpul janma kalumpukan | tela kang cêtha yèn angling | kênthang kasuwèn memeyan | uwi basa krama adi | gadhung kêkêmbên wilis | gêmbili gring pipi lêmu | walur pangudhar bênang | suwêg basa lagi-lagi | pan bêsusu parang jaja ing wanita ||

76. kacang pangugêr turăngga | kadhêle [kadhê...]

--- 131 ---

[...le] pêgating tali | wijèn maju prang pribadya | kangkung bêrkutut amuni | bayêm wus mari brangti | pête marga kang binuntu | jengkol sinjang kapêlak | kêmlandhingan ngêmbar jurit | pan kaluwak trênggalung datanpa baga ||

77. kêmiri mulyaning lara | sêmanggi sumêlang ati | pucung sêlaganing manggar | pace moyok ngisin-isin | pakis datan ngrêmbugi | gundha patrapaning luput | lumbu sutra rangrangan | sambèng pangundang sutèstri | apan laos wiji èsèl wêwutuhan ||

78. sang mong kung praptèng kauman | saya kèh rêrekan apik | kèndêl sakêdhap nèng lawang | korine Ki Basarodin | ingukir pinulas sri | pan sinungan bale ngayun | padasan ngering nganan | jrambah pinalêstèr rêsik | pinarantèn parerenan gène salat ||

79. pagupon inggil katawang | darane sadaya putih | anjêprah lagya pinakan | sang mong kung tanya Nuripin | lah ta paran puniki | Ki Panurta wismanipun | Nuripin aturira | dede puniku kang kori | Ki Pangulu Basarodin wismanira ||

80. mangke pan wetan punika | sampun cêlak saking ngriki | nulya laju lampahira | sarwi rasan turut margi | Nuripin mratelani | sadaya pitakènipun | wismane pra santana | kadang kulawarga sami | myang sudagar kang sugih-sugih sadaya ||

81. dene wismane pra kadang | samya madurêksa pinggir | kinarya pangawat-awat [pangawat-awa...]

--- 132 ---

[...t] | wêwaton prakosèng tamping | Suwarja wismanèki | pojok lèr kilèn jro dhusun | Wiradhustha lèr wetan | Panukma wismanirèki | kidul kilèn Ki Panamar kidul wetan ||

82. Ki Wuragil Kulawirya | wismane cêlak ing kori | korine Kiyai Basar | nuntên salêbêting kori | wismaning putra kalih | Jayèngwèsthi kilèn mungguh | kang wetan Jayèngraga | jêng-ajêngan ingkang kori | kilèn wetan lawang korine kinêmbar ||

83. nulya laju lampahira | tumingal langêning margi | sajake padesan arja | kèh warnane kang mêthuki | momotan jaran sapi | kangge gendhong kang mêmikul | ayom margi tan panas | dening kitri pinggir margi | sêntul jêring pring wulung êlo lan salam ||

84. kadhang kapapag jêjodhang | sinamiran srêbèd putih | asêlur rakit sasrahan | gumarudug jalu èstri | anyandhang sarwa adi | kang anèm birai bêsus | lakune kalenceran | ungkure kapêthuk malih | ing pangantèn wus wayu wayah sapasar ||

85. Nuripin akutawelan | andêrmimil turut margi | jodhangan ingkang kapapag | sasrahane Ki Mukidin | besane lan Nur Ngali | inggih sami sugihipun | dene pangantèn luwas | wetanipun Ki Mukidin | wisma ingkang kliwatan wau punika ||

86. wontên wong ngriki satunggil |[3] sugihipun anglangkungi | namanipun Pak Rajiyah | yèn jakat êmas sakati [sa...]

--- 133 ---

[...kati] | prandene lir wong miskin | panganggone kluwuk-kluwuk | sabuk walulang mêntah | ikêt luwas ting saluwir | padinane pamerane gih mangkana ||

87. ya ta mulat rare dolan | bengkat bikir cirak ubris | kang bênthik samya gendhongan | gumêdêr wênèng anangis | myang tanggapan salirning | ambêbarang gambang angklung | topèng lènggèr barongan | wayang bèbèr myang karucil | trêbang menak miwah barang ura-ura ||

88. Nuripin lawan sang brata | prapta latarirèng masjid | arêsik tur rata jêmbar | kitri wuni lawan wringin | pakèl kawak kawan wit | asêm tanjung langkung eyub | joge margi prapatan | saya kèh wong myang rarywalit | gumyah rame wênèh janma pêpanahan ||

89. ingkang têgar kêkitêran | nglarug bêlo ambakali | tinêgaran ngiras dagang | kang wus mèdêm ngangkat nyirig | myang kang lagya angradin | jojrog nyongklange linajur | amrih rikat adheyan | akèh warnaning turanggi | ingkang kore thokol kêdhu lan kaduwang ||

90. Ki Wuragil Kulawirya | angathengkrang anèng kursi | sarwi pinikul wong papat | ingiring santri rarywalit | punakawane ngampil | rokok lopak-lopakipun | panah endhong gandhewa | talêmpak lan payung alit | nèng luhuring kursi sarwi ngundha-undha ||

91. êmprit muluk akalangan | abêblês katon sabibis | pangundhan pinonthang êmas [êma...]

--- 134 ---

[...s] | salaka sinilih asih | anulya dèn athungi | pangundhan êmprite mudhun | gambrêt mencok pangundhan | kang têgar mudhun samya jrih | Kulawirya angling têtêgar tutugna ||

92. nulya êmprite ginusah | muluk ngungkuli waringin | tinarungan rare kathah | kang ngundha prit samya êmprit | galathik sami glathik | apan sami andêdulu | janma kang jêmparingan | Kulawirya langkung mukti | sasolahe kadya putra ing nagara ||

93. nyampinge sarung pêlungan | sabuke pêlangi abrit | rasukan kurungan pêthak | dhêsthar kumbaya kusta brit | cathokan amalipis | pencongan sêmbada gêndhung | gêndhung labêt ugungan | ingugung mring jêng kiyai | ing sasolah karsane datan pinalang ||

94. sang mong kung alon ngandika | sintên punika Nuripin | nunggang kursi ngundha-undha | êmprit kadya rare alit | Nuripin matur aris | punika wuragilipun | Kangjêng Kyai Panurta | ladak tan wontên dèn jrihi | yèn uninga ing kula lajêng sênbranan[4] ||

95. jenggot kula gung sinêbrak | gur-anggure jèwèr kuping | pan anyakitakên awak | wawi enggal nyimpang ngriki | korine Ki Sêmbagi | jumênêng lajêng anurut | lawang kori piyambak | piyambak awarni-warni | kir-ukiran pulasan rineka-reka ||

96. mung undha usuk kewala | wanguning kori pan sami | mawi bale palerenan | sabên-sabên [sabên-sabê...]

--- 135 ---

[...n] lawang kori | padasan nganan ngering | pagupon inggil lir panggung | pêksine rupa-rupa | wontên rêmên dara gambir | wênèh tropong têlampik cêlêp lan megan ||

97. swaraning pêksi ingonan | dêrkuku putêr ngalap sih | bèthèt nori jakatuwa | gêmak jago lan gulathik | jalak menco sulindhit | bêrkutut manggung munya kung | cumêngklung nèng gantangan | sêmuning desa saya sri | sang mong wuyung sumêdhot kadaud ing tyas ||

98. karasèng sasananira | duk maksih mukti nèng nagri | tumingal arjaning desa | tan pae lawan nagari | randhat lampahe sarwi | rêrasan sinamur-samur | myarsa gamêlan raras | salendro lan Carabali | ingkang pelog panabuhe lêlirihan ||

99. kang mungêl amung têtiga | gambang rêbab lawan suling | nora dhompo wilêtira | sarancak tangkêpe sami | unine gong ngagêngi | andule bima gumuyu | ngalêp-alêp ngumandhang | saron imbal ukur jawil | bêming kêndhang sumèntêg iramanira ||

100. sang monêng alon ngandika | marang sira Ki Nuripin | dene puniki kang desa | Pamutihan gama suci | kêni gamêlan muni | lah punapa sababipun | Nuripin saurira | wontên dene ingkang mawi | inggih saking Jêng Kyai Bayi Panurta ||

101. saking agêng maklumira | kamuktèn tan dèn larangi | tuwin kang pangupajiwa | sakedah kerah dumugi | ing sadhusun puniki | sangkêp panggaotanipun [pang...]

--- 136 ---

[...gaotanipun] | mapan wontên sadaya | dalah topèng dhalang ringgit | tlèdhèk badhut niyaga sami gêgriya ||

102. milanya sangsaya gêmah | wus kacêluk ing atêbih | têbih kathah sami prapta | dhumpil mupangat Jêng Kyai | Bayi Panurta nênggih | sabar amot among mêngku | mitulungi ngapapa | pêparing mring pêkir miskin | pan sadesa sami kinulawisudha ||

103. tan ana sinungan rêngat | paradhah ing bojakrami | rahab abêtah mêmulang | mring awon sae gêng alit | kang ngalap mulang sami | sinami pitakènipun | tan wontên kang bineda | mila wong sadesa sami | ajrih asih anggêpe sami ambapa ||

104. marma wong wisma sadaya | kathah wit dhangan amelik | apan sarwa sarwi ana | lan malih cêlak pasisir | gampang pambuwangnèki | lamun wong adol tinuku | mila tiyang sadesa | tan wontên kang kirang bukti | sawawrate pan sami cêkap sadaya ||

105. dene Ki Bayi Panurta | pan wus saengga bupati | kalangkung mukti wibawa | kèringan ing kanan kering | tuwin sagung bupati | anggêpe ambapa tuhu | dhasar wus mangsuk samya | angalap ing lair batin | ing kawruhe Jêng Kyai Bayi Panurta ||

106. botên songar samudana | watêke Jêng Kyai Bayi | sabên myat tiyang malarat | kacupêtan ing rijêki | jêng kyai brêbês mili | awêlas nulya tinulung | paring sandhang sadaya | anggêr tumingal wong miskin [miski...]

--- 137 ---

[...n] | majatipun punika kyai anggombal ||

107. parandene saya wêwah | kirang pirsa ingkang mawi | sang among kung lon lingira | layak puniku kang mawi | wêlasan ing sasami | mring wong nistha karya ayu | Jamal Jamil anjawab | mring Nuripin anakèni | gih punika botên wontên wong durjana ||

108. dene ronggèng ambalasah | wong adol tike waradin | pakumpulaning wong ala | Ki Nuripin anauri | wikana kang amawi | tan wontên janma lampah dur | kathah tiyang dursila | yèn sampun wisma ing ngriki | pan rahayu ilang dursilaning driya ||

109. pan makatên kang timbalan | nênggih Jêng Kiyai Bayi | sun dongakkên maring Allah | sakèhe nak-putu mami | muga sinunga eling | thukula budi rahayu | aywa adoracara | dursila kang laku juti | malah mandar padha rahaba sêmbahyang ||

110. limang wêktu bang kuwasa | pirabara yèn nêtêpi | mung salamête kewala | batine bang maring bêcik | sagawe-gawenèki | anggêre budi rahayu | iku jênêng ngibadah | iya panggawe kang bêcik | nanging kabèh karêpe kudu sêmbahyang ||

111. sabotênane sêmbahyang | Jumungah salat mring masjid | makatên tiyang sadesa | nadyan talèdhèk gih sami | datan maksiyat budi | Jamal Jamil manthuk-manthuk | yèn makatên utama | mangunahe jêng kiyai | Ki Nuripun inggih-inggihane uga ||

112. lan [la...]

--- 138 ---

[...n] malih kula akăndha | răndha Wanamarta ngriki | nuju sami apêpasar | mring Sobrah pasare Lêgi | wong Sobrah angrêmêni | sangêt kedanan awuyung | marang răndha punika | ngantos ngêtutkên mariki | praptèng ngriki tyasipun mantun kedanan ||

113. nadyan wong niyat durjana | anêdya mandung mariki | yèn wus malêbêt ing dhadhah | manahe tan ika iki | dumadakan tan apti | ilang niyate mêmandung | banjur sănja kewala | mring sanakipun wong ngriki | wus mangkana hawane wong Wanamarta ||

114. Jamal muwus inggih talah | golongane desa wingit | tan kêna wong corah-corah | Jamal Jamil angling malih | dika kantun nèng ngriki | sakêdhap kularsa tuku | kêpengin sêga pindhang | nulya jajan wong kêkalih | srabi puthu jênang sêga ramês pindhang ||

115. ngathêkul patukon mirah | wong roro wolulas dhuwit | mangkana Sèh Amongraga | laju manêngah samargi | margi anggung ningali | kathah warnaning pandulu | wong lumampah sêluran | mendah yèn nujua Paing | suprandene asring nyimpangi papagan ||

116. Nuripin matur agêpah | punika lawange kori | Jêng Kyai Bayi Panurta | korine pan tundha katri | tan wontên kang nyamèni | inggih pasang rakitipun | Amongraga tumingal | nuli laju manjing kori | kèndêl anèng wisma kampung Pananggêlan ||

117. kampung Daragêpak pelag | pinipil patra angrawit |

--- 139 ---

tumpangsari pamidhangan | dhadha pêksi sunduk kili | singub ingukur apik | pangapit lis-lisan alus | payon gêndhèng baranang | wuwung nyênthing ukêl pakis | èmpèr cancut cukitan dhanyang rêrupan ||

118. umpak cêcandhèn umbaran | bêbatur dèn palêstèri | arêsik kang palataran | kanan kering dèn tanêmi | tanjung kawan wit sisih | dèn pluk gêbyog kêliripun | gapit bulêt lis-lisan | kiwa têngên panton kori | kori wetan kilèn samya jêng-ajêngan ||

119. kori palêngkung rineka | kaluwug angêbêg warih | labur ingukir lung-lungan | undhak-undhakan arisik | kinêmbar-kêmbar asri | kêlir têpung kori ngayun | wisma kampung balaka | lis-lisan pinulas asri | sawatara ingukir cêplok kêmbangan ||

120. samya sirap gêgêndhengan | anggêr sabên lawang kori | kiwa têngêne padasan | lawang paregolannèki | samya pinipil-pipil | pilar myang sêsakanipun | pipi kupu tarungan | talundhag tambêng ingukir | myang balandar pangêrêt ukir-ukiran ||

121. kiwa têngên tinanêman | sawo jajar kawan sisih | gêbyog kapêntog ing lawang | kori têngah tanpa hèki | kêlir kang kilèn kori | sawiji lawang palêngkung | kêmbang labur pulasan | ginapura lit kang kori | masjid dhara gèn ta rawèh pra santana ||

122. mung kadang warga kang ngambah | sêmbahyang siyang myang ratri | rêsik kinubêng balumbang [ba...]

--- 140 ---

[...lumbang] | toyane mili awêning | kajogan ngapit-apit | turut pinggir gêbyog lajur | toya asarewehan | tumumpang pasitèn rêsik | para desa agêng-agêng tan mangkana ||

123. dalême Bayi Panurta | wau ingkang angyasani | kathah bupati utusan | paring wragad myang undhagi | kadhang mriksa pribadi | ingkang wus bapa satuhu | miwah para nangkoda | ing pasisir samya prapti | myang priyayi ngabèi lan putra-putra ||

124. dalêm pandhapa apêcak | wolung dasa lambangsari | kang kinarya kayu sana | balandar takir ingukir | singub myang dhadha pêksi | sêsaka ingêlis alus | bêbatur palêsteran | umpake sela ingukir | jaga satru kampung panjang tinalangan ||

125. kinêkêt lawan paningrat | ing dalêm gêng tawon boni | ginandhok-gandhok limasan | ing ngarsa kori gêng lêmpit | sadaya pan ingukir | linis panil tangkêpipun | tritis talang brumbungan | wuwung labur lis ingukir | tirahira jêmbangan tutup kinêmbang ||

126. buntaring wuwung pinatra | trap anjênthir ngukêl pakis | pinulas atêturutan | pêpayone sirap sami | gêndhèng sumringah abrit | sadaya pagriyanipun | gêng alit ginêndhengan | latar tinanêman kitri | kang saparik pêlêm dodol gandhik krasak ||

127. sêngir santog madubala | saparik jambu bang putih | kalampok arum dêrsana | tumruna sawo saparik | soring

--- 141 ---

candhela kitri | pacarcina sêkar arum | jêmbangan gêng ngingonan | wadêr kok jalebrah abrit | sajêmbangan bêranang ngapit paningrat ||

128. ya ta wau sang abrata | nèng pananggungan alinggih | Nuripin aris turira | dalêm kèndêl kula manjing | ngupaya Santri Luci | badhe kula kèn sung wêruh | dhatêng Ki Jayèngraga | yèn botên mring Jayèngwèsthi | salah siji singa ingkang kapanggiha ||

129. sang mong wingit angandika | sakarsanta ngong umiring | Ki Nuripin sigra mentar | prapta ing jro angulati | dangu datan kapanggih | ya ta wau kang winuwus | Jayèngraga nèng wisma | wismane apik gumrining | nora gêdhe tan cilik apan sèbêtan ||

130. lumajang gandhok kampungan | pandhapa sami lan wingking | pêcak sèkêt sasur magak | singub pinatra arêmit | umpak cêcandhèn langking | ingukir modangan alus | sêsakanya lis-lisan | balandar myang sunduk kili | jrambah batur pinalêstèr jêjobinan ||

131. èmpèr longkang tinaratag | ing ngarsa kewala asri | rinambat anggur ngrêmpayak | panyêratan ginaribig | alus pinulas asri | pinarada lung winêngku | kêtêp gêndhèng tinalang | cagaking talang ingukir | kori lêmpit têbêng patra pêparadan ||

132. ing paningrat bale pelag | bênèt paradan sarakit | ing ngriku papan sêratan | kilènipun masjid alit | gumarining rekaning | rakitnya lir masjid agung [a...]

--- 142 ---

[...gung] | saka guru giligan | dhinanyang kang sunduk kili | linis bulêt pangimanan mimbar endah ||

133. kiwa têngêning paningrat | kulah gêng kinêmbang asri | pinulas-pulas rineka | ingingonan wadêr abrit | jlebrah baranang asri | gêbyog pagêr kêliripun | tinurut sêsêkaran | sami jinêmbangan bêling | latar kitri sawo lan jambu dêrsana ||

134. wetan pandhapa gêdhogan | pangantèn kudanya kalih | sawiji kore dhawuk bang | lan jaragêm margawati | mangkana Jayèngragi | kang raka rawuh martamu | lênggah anèng pandhapa | Jayèngraga ragi minggir | ingkang êlèr kang garwa ing wingkingira ||

135. sêlir têtiga angayap | kabèh yu kuning gumrining | Jayèngraga ngore rema | rema têlês mêntas gyanting | kalung pasatan putih | sarwi gêbêg tekonipun | mêncèrèt kilah-kilah | ginêbêg ing srêbèd putih | apan sarwi udud kêlukuk bênggala ||

136. nyamping kawung latar pêthak | paningsêt wungu walulin | dhuwung ingampil sêlirnya | dhêsthar parangrusak klithik | aobro mupruk nginggil | jrih ing raka kurmatipun | Jayèngwèsthi alênggah | kalasa batu pribadi | nyamping sarung kêmbang cina kêkêlêngan ||

137. apaningsêt gêdhog anyar | rasukan jubah sêmbagi | biru corèk kêmbang tiba | arangkêpan takwa putih | dhêsthar modang pinutih | sêmbada masêm asêmu | sarwi ngasta ukiran | dèrèng pinacak ing kêris | sarwa sêdhêng wangune ginêbêg gilap [gi...]

--- 143 ---

[...lap] ||

138. saosan patehan ngarsa | myang tenongan isi manis | lan dhaharan jing-enjingan | juwadah ledre sêrabi | gêmblong lèmpèng lan wajik | jênang carabikang puthu | wedang kopi lan puhan | nèng ngêkan rêjasa putih | ulam dhèndhèng kandêl bakaran gêpukan ||

139. ngayun kantor panyêratan | myang rekal Kitab Tapsirih | Tapsir Jalalèn lan Kitab | Sitin Smarakandi Pêkih | lan Suluk Bayanmani | Suluk Kadim kang tinurun | kang ngadhêp ngarsanira | santri wasta Jalalodin | sing Kalangbrèt warti pênêd swaranira ||

140. lawan wong masah gandhewa | nyugu dêdêr ngêlar-lari | jêmparing akarya lesan | myang mranggi lagi nyawangi | kajêng timaha kêndhit | miwah wong kang karya tulup | lawan kang masah gambang | dhalang niyaga lan gêndhing | dèn encokkên nêming gêndèr rarasira ||

141. kang raka aris ngandika | mring kang rayi Jayèngragi | para iki nora jamak | akèh kang sira dhêmêni | tan mambu trah ngulami | lir wong nagara angkuhmu | sabarang rinêmênan | gêgaman gamêlan muni | iku rada sathithik cêgah ing sarak ||

142. Jayèngraga aturira | inggih sawêg parêng ugi | sunat paèsing maksiyat | kang raka mèsêm nauri | sun badhene sirèki | mau kaya nora subuh | pratăndha rambutira | têlês tilase katawis | Jayèngraga sarya gumujêng turira ||

143. nuwun [nuwu...]

--- 144 ---

[...n] ajrih ing duraka | botên nêdya angêpoti | owêl pot waktu palilah | kangwula[5] tos-atos yêkti | têlês kula puniki | inggih bakdanipun subuh | Jayèngwèsthi ngandika | mara Nikèn Rarasati | apa nyata bok ipe mangkono uga ||

144. Rarasati aturira | sêmune wadi awêdi | duka sampeyan punika | datan sumêrêp ing ratri | ananging gag mêningi | dènnya siram lingsir dalu | inggih subuh sakêdhap | byar enjing asubuh malih | dugi kula ngrapèhkên bêlo anyaran ||

145. kang raka gumujêng suka | ningali mring Jayèngragi | kang rayi gumujêng latah | Jayèngwèsthi angling malih | pintêr ipeku iki | micarèng pasêmon mungguh | sira sawêngi pisan | nora turu pijêr nitik | Rarasati sarwi dhoso pagujêngan ||

146. lah inggih botên kadosa | paduka dangu sayêkti | kawula matur prasaja | wêkasan wong dèn poyoki | kang raka mèsêm angling | nora mêngkono sun ngungun | lèjêmira sun tanya | bêlo iku ingkang êndi | Rarasati matur ingkang janjan jênar ||

147. cêcalung calon watangan | pada wadana rêspati | kuciwa idêp ngêsumba | pandugi kula tan kenging | kacênthok ing kêndhali | tan wande ngalênggak ambyuk | Jayèngwèsthi dènira | gumujêng sarwi nudingi | mring kang rayi Jayèngraga saya latah ||

148. sarwi matur mring kang raka | paduka punika inggih | dhatêng bok cilik [ci...]

--- 145 ---

[...lik] kang anyar | sinungku ing siyang ratri | yèn siram nutug enjing | sring kalingsir wêktunipun | kula ngantos awêlas | mring bok ayu agring kingkin | tan maèlu amung bok cilik kewala ||

149. baya-baya ngur kawula | kang raka ngandika aris | lawan sira angur ingwang | gêr gumuyu sadayèki | kang ngadhêp munggwèng ngarsi | ingampêt jrih guyunipun | Jayèngwèsthi ngandika | sarwi angunjuk wedang tih | saking ngêndi tekomu dene prayoga ||

150. kang rayi matur punika | saking sadhèrèk pasisir | ki juragan Pak Jêmilah | ing Tandhês kang komuk sugih | gènipun malarangi | Cina prasanakanipun | Ki Tiyat Ko wastanya | kengingipun dèn lambangi | kapal kore lan lapak prabot salaka ||

151. dene wontêning kawula | saking Pak Jariyah nguni | nuju mring Tandhês rêrasan | Pak Jêmilah arsa panggih | dhumatêng jêng kiyai | agêmêt pitakènipun | milawang mring kawula | sumêrêp yèn kula asring | rêmên teko mila tekone punika ||

152. kinintunkên Pak Jariyah | supados katur mring mami | sarêng kawula uninga | ing teko bingah tan sipi | kula dèrèng udani | kang dabe[6] kadi puniku | teko kaliwat lăngka | lêkane kêbak anyuri | kalih dene raosing tèh mindhak eca ||

153. kang raka mèsêm ngandika | layak bênêr turmu yayi | mara cobanên sadhela | gupuh kang rayi ngladosi | wedang panas miranti |

--- 146 ---

tèh colan amung sasuru | Rarasati anyandhak | cèrèt dèn curakên ririh | apan munthuk mathuthuk kukus angambar ||

154. wus sinuci cangkirira | pêthak tutupan sarakit | kang teko nulya ingasta | amung amot rong cangkir thil | gumujêng Jayèngwèsthi | dene sathithik motipun | majad pat cangkir ana | teko dèn iling-ilingi | lêka nyandhi akêbak curi narancang ||

155. ingunjuk wedang tèh colan | satêngah cangkir ngling aris | iya bênêr tuturira | ngong durung pati paham tih | beda lawan sirèki | rasaning tèh tan kaliru | Jayèngraga turira | inggih kasinggihan ugi | lamun ical lan pêcah teko kawula ||

156. tamtu mêdhot tan wedangan | kang raka gumujêng angling | iku thithik rada cêgah | ujare wong ahli wirid | gêgêdhèning rasèki | tan kaya rasaning ngilmu | tokide mangkonoa | muntu matêng marang ngilmi | ngamal ta mamrih mêtu mangunahira ||

157. iya wong iku yèn kaya | pama pêlêm dodol sari | duk lagi kumaropokan | kêcute anyêmpaluki | mangsane wus matêng wit | nèng barongsongan adalu | rasane asor kilang | iya yèn mangkono kadi | yèn lir pêlêm kapodhang kêcut kewala ||

158. mêntahe matênge padha | tan pêcat kêcute maksih | mangkono upamanira | ing wong aurip puniki | kudu angeling-eling | Jayèngraga matur nuwun | inggih mugi sagêda | wulang paduka ing ngilmi | Jayèngwèsthi malih aris [a...]

--- 147 ---

[...ris] angandika ||

159. êndi santrimu kang anyar | jare bêcik swaranèki | tarampil amaca kitab | kang rayi umatur inggih | pun Jalalodin saking | Kalagbrèt pinangkanipun | sawêg wau kewala | enjing gèn kula nimbali | lah ya mara cobanên kon maca kitab ||

160. nulya pinaringan kitab | kang Sitin Asmarakandi | Jalalodin aturira | kawula anuwun ajrih | aywa sira jrih-ajrih | apan wong talabul ngilmu | kudu karana Allah | pinêksa Ki Jalalodin | dangu-dangu Jalal ature sandika ||

161. lêkas tangawut pasekat | kirate rada patitis | ulone sêmada sêrak | dharêdhêg mêrkutuk sêdhil | agrago sêmu ajrih | nulya kinèn swara sêru | sinangêtkên swaranya | nulya maca bismillahir | arahmannirakim yu alkamdulillah ||

162. ingsun amiwiti mujwa | muji anêbut namaning | Allah ingkang maha murah | ing dunya asih ing akir | sakèhing puji-puji | kadarbe Allah Kang Agung | rabil alngamina |[7] Pangeraning alam kabih | nulya walngakibatulil mustakina ||

163. utawi mulyèng akirat | mulyaning alam kang salih | paedahe dalêm dunya | tartamtu mring jêng pra nabi | lan auliya mukmin | wasalatu wasalamu | utawi rahmat Allah | ing tyas mukaranah ajrih | maring Allah kang cêngêng sumungkêmira ||

164. ngala sayidin Mukhamad | wangalihi waskabihi | ingatase

--- 148 ---

nabi kita | lan sakulawarganèki | mring sakabatirèki | kala saekul imamu | al ajalu jahada | ibênu abinasari | ibnu ibrahim masamarakandiya ||

165. rahmatullah ngalahisam | têgêse pangandikaning | wong tuwa kang dadi imam | kang araabulaèsi | kang nganak binasiri | ibrahim smarakandiyu | paning sipat Mukhamad | ingkang sinung rahmat dening | ing Allahu atasing Nabi Mukhamad ||

166. massalatun hidakila | laka ing têgêsirèki | lan tatkala tinakonan | ing si rama Al Imani | lan kaya pa sirèki | makulbihi wal jawabu | măngka ing jawabira | lapal amantu billahi | tangala ing têgêse ngandêl ing Allah ||

167. lire pangandêl punika | hiwamalaikatihi | wakutubihi punika | kalawan wa rusulihi | wal yaomil akiri | wal kadrikèri wasaru | minallahi tangala | swarane Ki Jalalodin | abêrabah erak-erak rada kiyal ||

168. yèn macalatun amapan | sabuke dipun kêndhoni | ambalêdhèh wêtêngira | ngangkat macalatun malih | swarane dèn kêncêngi | kacilikkên nora cukup | mati pangêlikira | lèrèn swara dèn kêndhoni | macalatun wus pakolih êlikira ||

169. yèn mudhun gêdhe tan nyandhak | anggalêrêg ngalokori | ambèkêr gulu gondhokan | bêkuh ah ah golèk uni | kang sêdhêng gêdhe cilik | sarwa judhêl swaranipun | rengkodan [rengko...]

--- 149 ---

[...dan] săngga uwang | ngiwa nêngên ngolah-ngalih | kèh solahe atimpah-timpuh si duwa ||

170. angulèt sêmune wêgah | kêpriye mangkene iki | sêrête nora kajamak | Jayèngraga ngandika ris | mara lêkasa ngêlik | lah antêpên suwaramu | Jalalodin anulya | pinêksa sangêt angêlik | massalatun sru anggêmbor mêdhus dumba ||

171. otote aprakênêngan | gulu mêdhok amacicil | bathuk irunge baranang | kringêt kumyus brêbês mili | angêdên wangsul wiwit | mak thut prèt kêpêntut-pêntut | gêr ginuyu ing kathah | gumyak-gumyak ih ih ih ih | ah ah ah ah kapingkêl-pingkêl barêngan ||

172. niyaga guyu lèh babah | nudingi pating taruding | Jayèngraga latah-latah | nora kayaa sirèki | nganti kaya wong jurit | jarene bêcik swaramu | dene aparongkolan | ting galuthuk tan pakolih | saya gumyak kang gumuyu cukakakan ||

173. Ki Jalalodin abiyas | kalangkung dènira isin | sarwi matur inggih talah | sabênipun tan kadyèki | dugi kula kang mawi | wontên ngarsanta tan mêtu | saya dadya paguywan | sadaya kang nambut kardi | bok wus mupus ki santri dhasarmu ala ||

174. Nikèn Rarasati dènnya | gumujêng tan pati muni | ragi ewa kasukêran | swarane ambarêbêgi | sêlir tri ting cukikik | cat-catan samya jrih sêru | Jayèngraga dènira | gumujêng ukur galigik | ririh [ri...]

--- 150 ---

[...rih] sarwi angandika mring niyaga ||

175. lah mara Widilêksana | encokna nême kang êndi | lèhira anglaras gambang | gêndèrmu grimingên thithik | iya jinêman jêngking | Si Cêrmasana kang suluk | sulinge Tunjungkara | matur sandika anuli | lêkas ngêlik jinêman jêngking Tunjungbang ||

176. swarane dhalang alêbda | ngêntul-êntul wilêtnèki | gêndèr nyamlêng anyalupak | suling wratsari abêning | ginariming gumrining | Jayèngraga milu suluk | aruntut swara nyaplak | angêmbat wilête sami | kadya êmprit ingundha rêbut tuntungan ||

177. wus dumugi elayana | mung sairama nulya wis | iramane sarayuda | Jayèngwèsthi ngandika ris | seje rasaning ati | ngrungu singir lawan suluk | pan adoh sêbatira | sun datan pati nyurupi | maring gêndhing amung sêsêndhon kewala ||

178. nora pati kaya sira | dhasar karêm marang gêndhing | yèn aja wêdi mring rama | dalah jogèd sira wasis | anopèng bêksa rangin | iya katara solahmu | Jayèngraga turira | inggih punika sayêkti | yèn sampuna jrih rama lawan paduka ||

179. kalampahan dados dhalang | lurah cêngkung tukang ringgit | kang raka mèsêm ngandika | nulya Nikèn Rarasati | mring raka matur aris | sampun siyang wancinipun | kularsa saos dhahar | Jayèngwèsthi ngandika ris | mêngko bae bok ipe sadhela êngkas ||

180. Jayèngraga ngling mring garwa | lorodan dhaharan sami [sa...]

--- 151 ---

[...mi] | paringna kang nambut karya | dèn warata sadayèki | nulya dipun cariki | pinaringkên sadaya wus | kang anèng ngarsa samya | Jayèngwèsthi aningali | marang ingkang ginarap tukang sadaya ||

181. nulya aningali kitab | têtulisane kang rayi | pêpêthikan saking Kitab | Ibnu Kajar dèn têmbungi | tinrapkên dhandhanggêndhis | lagya angsal tigang pupuh | linimbang rujukira | lan babon Kitab Ibêni | Kajar datan nalimpang mungguhing murad ||

182. mindhak dhangan raosing tyas | pan winastan Suluk Kadim | Jayèngwèsthi lon lingira | ya wus bênêr iki yayi | tan ana kang ngoncati | rasaning murad wus têpung | nungkil sing Kitab Baka | koarani Suluk Kadim | tutugêna lan bayan maote pisan ||

183. kang rayi nuwun turira | inggih paduka idini | kang mugi angsala sabda | paduka kawula pundhi | kang raka anganthuki | lorogan kantor dinudud | kathah ingkang jilidan | korasan krêtas sakodhi | wontên kanthong sawiji baludru abang ||

184. sinuntak isi dherekan | ting galundhung tigang rakit | kêmiri pidak abênan | lêmpèt conthong lawan gambir | ambête dèn ukubi | kutug sêkar campur bawur | kang raka èsêmira | arêndhêt nora kadugi | Jayèngraga tumungkul nyana kadukan ||

185. kang raka alon ngandika | gèsèh têmên sira yayi | dudu tabiyat sunatan | pangangguran kang tanpasil [tanpasi...]

--- 152 ---

[...l] | mung siji iki yayi | karêpmu ngong nora rujuk | lapal jayenat saka | jayenat bil maksiyati | dudu paes-paesan karana Allah ||

186. lah iku paedah apa | kêmiri pinêtri kadi | jimat makutha Suleman | gawe kêsliyoning budi | tabiyat maksiyati | tanpa mupangating ngilmu | kang rayi anoraga | kalangkung dènira ajrih | arsa matur tan wun dinukan ing raka ||

187. kang rayi ngaturkên kitab | ing raka anênuwun sih | supaya ingapuraa | Kitab Makum jilidan lit | Bayanmani Maoti | Bayan nunggil jilidipun | kang raka rum lingira | iki prayoga binudi | sampurnane ing tekad maring kasidan ||

188. kaya ta sawiji ayat | iki al insanusiri | waanasiruhu lirnya | walkayatubillarokin | insaniyunbirokin | kulusae inajahu | iku ingakên tunggal | nanging ora tunggal yayi | sabab dene akadim kalawan anyar ||

189. kadim urip tanpa nyawa | anyar urip tan nyawèki | mungguh pangandikaning Hyang | sinêbut sawiji-wiji | wajahu iku yayi | iya sênêd ing alêmbut | lêmbut-lêmbuting agal | agal-agaling arêmit | wahuwa illahu waèruhu lirnya ||

190. iya iki iku ika | dudu ika iku iki | nanging iya ora iya | saking ika iku iki | ingkang mangkono yayi | manira durung gêguru | duga-duga [duga-du...]

--- 153 ---

[...ga] kewala | durung winulang Jêng Kyai | Jayèngraga lêga myat kang raka lêjar ||

191. ya ta wau sang abrata | adangu dènira nganti | Ki Nuripin manjing mêdal | ngupaya mring Santri Luci | masjid gêng tan pinanggih | kapanggih nèng masjid mangu | anulya winartanan | lingira Ki Santri Luci | ing bêcike sira dhewe pêpanggiha ||

192. kalawan Ki Jayèngraga | iya tut wuriyèng kami | Ki Nuripin saurira | sakarsanta ngong umiring | lumampah wong kêkalih | Jayèngraga wismanipun | panuju akalihan | Jayèngwèsthi aningali | Suluk Kadim kagyat kalanya tumingal ||

193. Santri Luci praptanira | kalawan Santri Nuripin | dinangu gatining karya | Santri Luci matur aris | wartane Ki Nuripin | ing jawi wontên têtamu | santri saking atêbah | praptane arsa pêpanggih | mring paduka lan arinta Jayèngraga ||

194. dene wau dhatêngira | punika Santri Nuripin | yêktosipun kang ambêkta | Jayèngraga muwus aris | marang Santri Nuripin | santri têka ngêndi iku | dene wanuh lan sira | Nuripin umatur aris | nuwun inggih punika saking ing Karang ||

195. kados dede santri para | tingalipun santri murni | awasta Sèh Amongraga | duk wingi nèng wisma mami | kawula têtakèni | akumbi tan pati kudu | kêkalih rencangira | punika kula tanyani | taksih ngêmu wêwadi botên prasaja ||

196. Jayèngraga angandika | mring kang garwa

--- 154 ---

Rarasati | wong kabèh kang nambut karya | konên sumingkir kariyin | sadandanane sami | aywa na ingkang kadulu | iku durung amangan | padha ingonana sami | anèng kampung wingking kang rumat sadaya ||

197. kang garwa matur sandika | liningan kang nambut kardi | sigra bubar sami ngiwa | balêthêkan dèn usungi | jumênêng Jayèngwèsthi | kinèn nata lampitipun | Jayèngraga parentah | mring wong rencangira sami | angrêsiki mring pandhapa sinaponan ||

198. Luci lan Nuripin gêpah | tata palênggahan lampit | kasah alus ginêlaran | klasa batu wiyar putih | Jayèngwèsthi lingnya ris | lah bok ipe sira iku | mundura marang wisma | angêrtènana cêcawis | saanane sathithik ingkang prayoga ||

199. abênêr gonku sêmaya | kaya ana kang inganti | kang rayi matur sandika | lumêbèng wisma sêsaji | raka ngling payo yayi | konên ngundang dhêdhayohmu | kowe kene linggiha | matur sandika kang rayi | nulya nuduh mring Luci Nuripin agya ||

200. lah dèn aglis aturana | aywa kasuwèn nèng jawi | kang liningan sigra mentar | Nuripin lan Santri Luci | praptèng jawi wus panggih | Santri Luci kagyat dulu | marang wau kang prapta | jêtmika asêmu wingit | wus anarka yèn dudu wong ala-ala ||

201. Luci matur dawêg enggal | paduka dipun aturi | inggih dhatêng Jayèngraga | lan kang raka Jayèngwèsthi | gupuh kang sinung angling | ya ta Jayèngwèsthi wau |

--- 155 ---

Luci saungkurira | angandika mring kang rayi | kaya-kaya yayi dhayohmu prayoga ||

202. dene sadurunge prapta | tyas ingsun wus angrujuki | ki dhayoh santri ing Karang | badhe amanggutkên ngèlmi | mara dèn ngati-ati | dhayoh kang sêdya kapangguh | mring jêng kiyai bapa | kang rayi umatur inggih | lagya eca rêrasan Ki Luci prapta ||

203. matur mangke kang dhatêngan | kerid kèndêl anèng jawi | lêrês Nuripin turira | awit ingkang badhe prapti | cahya amindha sasi | jêtmika antêng aruruh | kados anamur lampah | solah bawane katawis | Jayèngraga Jayèngwèsthi sigra mapag ||

204. Jayèngwèsthi lon lingira | mring kang rayi Rarasati | ni ipe bok ayunira | Turida konên mariki | kêkuranganirèki | jaluka mring bok ayumu | karo angladènana | sandika Ni Rarasati | Santri Luci gya mentar saking ngajêngan ||

205. Jayèngwèsthi Jayèngraga | dènnya mêthuk wus kapanggih | sang monêng auluk salam | agupuh samya nauri | aris angacarani | ingaturan gupuh laju | nèng pandhapa alênggah | wusnya jawat tangan sami | lênggah tata Jayèngwèsthi anambrama ||

206. kakang paduka katuran | sarawuh tuwan nèng ngriki | sintên kang pinujwèng krama | lawan pundi kang kawingking | nauri kang sinung ling | têmbungira manis arum | kawula saking Karang | dene kang sudi mastani | duk nèng Karang aran Ki Sèh Amongraga ||

207. nênggih ki agêng ing

--- 156 ---

Karang | ingkang aparing kêkasih | Jayèngwèsthi aturira | paran karsanta mariki | Amongraga nauri | marma prapta yêktinipun | kawularsa panggiha | dhumatêng kangjêng kiyai | lamun parêng yêkti arsa puruhita ||

208. nrasèhkên kawruh kang nyata | kapencut kita miyarsi | wartine saking ing Karang | ramanta sarwa winasis | marma tan etang mami | têbih-têbih kita rawuh | saking kasmaran myarsa | gumujêng Ki Jayèngwèsthi | sarwi matur măngsaborong kang pawarta ||

209. sayêkti pan botên dora | anênggih rama kiyai | apan sarwa sarwi ana | marma sagung pra dipati | bang wetan ngalap sami | mring jêng rama kawruhipun | tanapi santri têbah | kathah ingkang sami prapti | lajêng wisma awis kang sami mantuka ||

210. kawula sring darbe sabat | sutaning para dipati | dèrèng lami antukira | tan susah marang jêng kyai | pan kawula pribadi | pan inggih ingkang amuruk | wit dhawuhe jêng rama | gumujêng Sèh Amongragi | yèn makatên sukur yayi wus sampurna ||

211. dados kula botên susah | sowan ramanta kiyai | wusnya dangu arêrasan | Jayèngwèsthi ngandika ris | mring garwa lan kang rayi | bok ipe sira apa wus | rampung saosanira | iya saananirèki | ladèkêna sira mau kêlan apa ||

212. Turida alon turira | mring raka awidhag-widhig | inggih namung sumapala | jangan dhusun tan prayogi | rayinta Rarasati | kang sêsaji [sêsa...]

--- 157 ---

[...ji] dangunipun | kêlan jangan nagara | Jayèngwèsthi mèsêm angling | kayaparan bedane desa nagara ||

213. yèn ing praja padhamara | jangan dhusun nênggih mênir | kang raka gumujêng nabda | lah iya ladèkna aglis | sandika kang sinung ling | gya sinaoskên mangayun | sadaya sêlirira | ingkang sami angladèni | sêkul bucu lan pulên pêthak las-lasan ||

214. munggwèng panjanggiri miwah | pêcêl pitik jangan mênir | jangan padhamara dhara | madhêp kang lagya mèmèti | kilêng-kilêng akinyih | opor bèbèk lan bêtutu | dhèndhèng gorèng gêpukan | gorengan gathik-gulathik | êmpal momol dhèndhèng pancèn lan sujenan ||

215. age rêmpah myang tum-tuman | krupuk lan bêsêngèk putih | sambêl gorèng sambêl kacang | lombok kêncêng lawan pêtis | lalaban kacang cipir | terong kêceme myang timun | barambang tempe mêntah | kêcambah gudhe kêmangi | rampadannya sadaya piring lancaran ||

216. wus rampung panatanira | Jayèngwèsthi ngandika ris | kakang sumăngga katuran | paduka lêkas wêwanting | payo Jèngraga nuli | sadaya sami têturuh | Jèngwèsthi malih nabda | maring garwa myang kang rayi | lah Turida lan Rarasati majua ||

217. ing kene kêmbula pisan | ngalap brêkahe sang tami | karana Allah kewala | ngarah apa aywa wigih | mundhuta ajang nuli | wisuha karo dimaju | kang garwa jrih pinêksa | wus samya majêng mangarsi | Jèngwèsthi ngling mring

--- 158 ---

tamu inggih punika ||

218. arinta kêkalihira | sampun taha-tahèng galih | Mongraga luntur tyasira | rinahaban tan sinigi | kumênyut tyas sira sih | mring Jayèngwèsthi swuh rêmpu | osiking tyas kang muga | dadia jalaraning sih | nastijapa sabdane Ki Agêng Karang ||

219. sakêdhik ragi cawêngah | kêmbulan èstri lyan mukrim | tinahan ngecani sarak | nulya sami lêkas bukti | rahab sadaya sami | amung sira sang nahên kung | cicik dènira nadhah | mung têlas sakênthang bungkik | katuwukên dènnya lênggah tan bisobah ||

220. atobe ambal-ambalan | Jawèngwèsthi[8] gung anglirik | mring tamu osiking driya | sun duga lawas wong iki | tan kambonan rijêki | pan saking brangtaning ngilmu | wusana ris aturnya | kakang dèn rahab ywa wigih | sampun kathah-kathah ingkang ginaliha ||

221. kawula kang madhangêna | kakang mas ribêding galih | ing mangke dalu kewala | ulun ambabar sajati | sasuraosing ngèlmi | kang tan tèdhèng gothak-gathuk | mèsêm Sèh Amongraga | angalêm sajroning galih | marang Jayèngwèsthi tuwin Jayèngraga ||

222. wong iki ladak pasaja | sasolahe amantêsi | mung rada kakehan umbag | ngêgungkên yèn sugih ngilmi | aris dènnya nauri | inggih sampun sangêt tuwuk | lami kula tan kadya | punika gèn kula bukti | pakantuknya pan saking rahabing driya ||

223. dhatêng yayi sakalihan | katêmbèn kêmbulan bukti |

--- 159 ---

dadya langkung saking adat | Jayèngwèsthi matur inggih | sarwi micarèng galih | iku apa wus togipun | samono tadhahira | apa samudana lamis | dene bangêt cicike lir kucing lara ||

224. yèn aja kêmbulan ingwang | tan sêmono dènnya bukti | mung êntèk sapongge bajang | prandene warêg kapati | lir kêmlakarên yêkti | batine tan pati kudu | saking brăngta mring Suksma | cahyane sumilak wêning | matur malih dhuh suwawi kang pakangsal ||

225. tansah nyarakkên sugata | Mongraga nauri inggih | sayêkti langkung katêdha | urmatipun yayi kalih | tan sagêd amangsuli | pasihanta dhatêng ulun | Jayèngwèsthi noraga | angandika maring swami | wus dumugi lorodên lêladènira ||

226. bêcik banjurna kewala | iya marang ing pamburi | punakawane rakanta | wasisan lawan Nuripin | sandika kang sinung ling | ladèn linorodkên sampun | marang ing santrinira | Turida lan Rarasati | sawusira dhaharan lumadyèng ngarsa ||

227. Jayèngwèsthi ngling sumăngga | punika pangusap amis | Mongraga ris aturira | inggih sampun walanggalih | sangêt panrima mami | nulya mèt satunggal dhuku | Jèngwèsthi mundhut salak | asarêng dhinahar sami | Jayèngraga cekoh kokoh kêtan kolak ||

228. Jayèngwèsthi mèsêm nabda | sirèku rada mangani | bok mau warêgna pisan | dadi datan mindho kardi | momot têmên sirèki | Jèngraga

--- 160 ---

matur gumuyu | inggih pan namung kêmba | kalamun mêntas abukti | kêdah nêdha lêlêgi mung kêtan kolak ||

229. wusnya nutug dhêdhaharan | Jayèngwèsthi ngandika ris | mring kang rayi Jayèngraga | masjid tatanên dèn bêcik | sira adana dhisik | iki sêdhêng wêktu luhur | Jayèngraga turira | pan inggih sampun miranti | Sèh Mongraga nulya ingaturan salat ||

230. wus kerid mring masjid samya | myang Turida Rarasati | makum lan pra sêlirira | Jamal Jamil lan Nuripin | anulya dèn adani | asunat sadayanipun | Jayèngwèsthi turira | paduka kakang ngimami | Mongraga ngling prayogi yayi kewala ||

231. botên prayogi pun kakang | ingkang sêpuh angimami | nulya Ki Sèh Amongraga | anglêgani ing panggalih | gupuh majêng ngimami | gya lêkas usali pêrlu | kang lawan tumaninah | nêneladakên kang tartib | tutug dènnya salat luhur nulya bakda ||

232. paragad puji-pujian | wusnya dhikir donga nuli | nulya salawat salaman | lajêng kewala nèng masjid | Turida Rarasati | dhaharan kinèn sumusul | mring masjid sadayanya | agupuh kang para sêlir | apan samya ngusungi ingkang dhaharan ||

233. miwah mawantu nyamikan | lah-olahan ingkang adi | Rarasati lan Turida | tansah ngladèni nèng ngarsi | ngantos wêktu ngasari | mangkana sabakdanipun | Jayèngwèsthi turira | mring Amongraga aririh |

--- 161 ---

prayogine kakang lajêng mangilèna ||

234. inggih dhatêng wisma kula | sakêdhap sewang miranti | yèn sampun kawan radinan | tamiyan paduka inggih | lajêng sami umanjing | sowan ing rama wong têlu | Amongraga anabda | punapa karsanta yayi | kula dhèrèk karsane yayi kalihnya ||

235. Jèngwèsthi ngandikèng garwa | lah sira muliha dhingin | atata anèng paningrat | lan arimu Rarasati | kabèh dhaharan iki | gawanên ngulon sadarum | ingkang wus kalong padha | sulamana kang prayogi | iya padha rêmbugên lan arinira ||

236. kang garwa matur sandika | nulya mantuk lan kang rayi | ingiring pra sêlirira | mring dalêm kulon arakit | papan manggihi tami | wus miranti sadaya wus | Jèngwèsthi lan arinya | gya mangilèn lan têtami | Sèh Mongraga eram myat rakiting wisma ||

237. tanapi rêrêngganira | rêrekane amantêsi | mangkana Sèh Amongraga | ngaturan lajêng mring panti | munggwèng paningrat sami | Mongraga osiking kalbu | kadya tan ngalih gyannya | kalangkung ngungun ing galih | wetan kilèn tan ana siwah salingsa ||

238. wus tata dènira lênggah | dhaharan sumaos ngarsi | Ki Nuripin aris turnya | kawula anuwun pamit | mantuk mring wisma mangkin | rèhning sang tamu wus katur | Jayèngwèsthi ngandika | lah aywa mulih kariyin | sesuk yèn wus malêbu sira muliha ||

239. karana iku mênawa | dinangu ing jêng kiyai [ki...]

--- 162 ---

[...yai] | kudu sira kang matura | sang tamu nalika prapti | anèng wismanirèki | kang patitis aturamu | iya tan katanggungan | gonira karya utami | Ki Nuripun sandika ing aturira ||

240. ing solah datan winarna | samana pan sampun mahrib | ngawirya tri sampun salat | nèng masjide Jayèngwèsthi | kang adan Ki Nuripin | sadaya wus samya wulu | Rarasati Turida | tuwin kang samya makmumi | Jamal Jamil Jalalodin samya sunat ||

241. wusnya sunat pêpujian | astagapirlah alngalim | milkuli danbin ngalima | wala yakpiru dunubi | ilarabil ngalamin | pra ngawirya sunat sampun | Sèh Mongraga pinêksa | ingaturan angimami | santri Karang mokal lamun tan gambuha ||

 


Kurang satu suku kata. Bandingkan: pan inggih akathah (Cênthini, Kamajaya, Pupuh 349.3.2; Cênthini, Soeradipoera, Pupuh 30.3.2). (kembali)
Luci. (kembali)
Biasanya guru lagu a: satunggal (Cênthini, Kamajaya, Pupuh 350.83.1). Bandingkan: sêtunggal (Cênthini, Soeradipoera, Pupuh 31.83.1). (kembali)
sêmbranan. (kembali)
kawula. (kembali)
darbe. (kembali)
Kurang satu suku kata: ya rabil alngamina. Bandingkan: rabial ngalamina (Cênthini, Kamajaya, Pupuh 350.159.7); rabialngalamina (Cênthini, Soeradipoera, Pupuh 31.159.7). (kembali)
Jayèngwèsthi. (kembali)