Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08-03, #691
1. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08-03, #691. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-08-03, #691. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ăngka 62, 28 Mulud Dal 1863, 3 Agustus 1932, Taun VII
Kajawèn
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [965] ---
Ăngka 62, 28 Mulud Dal 1863, 3 Agustus 1932, Taun VII
Kajawèn
Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu
Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.
Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.
Isinipun: Bab Kasênêngan, Pakarêman, tuwin Kanikmatan - Pasar Gambir - Tata Ngadatipun Têtiyang Siti Tanah Gêduwang - Pasar Malêm Nasional ing Surabaya - Adpêrtènsi - Cacad Jawi - Pawartos saking Administrasi - Bab Adêgipun H.B.S. tuwin A.M.S. Nasional - Têntunsêtèling ing Den Haag - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Pêkên Kewan.
Sri Paduka Kangjêng Ratu Emah
Dintên Slasa tanggal kaping 2 Agustus 1932 kala wingi punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm Sri Paduka Kangjêng Ratu Emah Wilhèlminah Teresiah, ibu dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah. Samangke yuswa dalêm 74 taun, mugi-mugi saya winantua ing nugraha, salajêngipun ambrêkahana dhatêng putra wayah dalêm lan sadayanipun.
[Grafik]
Ing dintên wau tanah jajahan sami ngluhurakên asma dalêm, saha sami mahargya, punapa malih para agung ingkang sami botên sagêd anjênêngi pahargyan wau tamtu sami adamêl utusan utawi wêwakilipun.
Angèngêti kaluhuran dalêm Sri Paduka Kangjêng Ratu Emah tumrap sadaya ingkang sampun kalampahan, andadosakên satunggiling tăndha saksi, bilih panggalih dalêm wau kapêksa ngrêksa dhatêng katêntrêman tuwin kawilujêngan. Mugi lêstantuna sapanginggilipun, sampun ngantos kirang satunggal punapa.
--- 966 ---
Wulang Sae
Bab Kasênêngan, Pakarêman tuwin Kanikmatan.
Tiyang punika mêsthi gadhah kasênêngan, pakarêman tuwin kanikmatan, awit punika pancèn pêrlu kangge bumbuning agêsang, dados pangarêm-arêming manah tumrap raosing ilat, utawi badan.
Ingkang dados pakarêman punika limrahipun bangsaning têtêdhan, kados ta: olah-olahan tuwin buah-buahan. Dene ingah-ingahan, têtingalan, abên-abên, ambêbêdhag tuwin main sapanunggilanipun, bangsaning dolanan punika kalêbêt kasênêngan. Sanajan nyambut damêl, sinau, maos buku, nyêrat, anggambar tuwin sapanunggilanipun, inggih dados bangsaning kasênêngan.
Ombèn-ombèn utawi minuman, sês rokok utawi apyun tuwin nginang, punika bangsanipun kanikmatan. Ingkang sampun kapratelakakên punika sadaya tumrap ing agêsang sagêd angindhakakên marêming manah utawi badan, awit tiyang gêsang ingkang sêpên salah satunggal saking tigang bab ing nginggil wau, gêsangipun tansah kêmba utawi susahan. Ananging sarèhning sadaya wau namung nama bumbu, dados prayoginipun gêsang punika namung nganggea samurwatipun. Manawi kaladukên sampun têmtu botên prayogi, malah trêkadhang ngrisakakên. Saminipun kadosdene olah-olahan, bumbu punika murugakên eca, ananging manawi kêkathahên ambibrahakên raos botên eca.
Mênggah ingkang nama kêkathahên punika sajatosipun angèl anggènipun matêsi, jalaran tiyang punika botên sami.
Ing kitab Kuran, wontên ungêl-ungêlan ingkang suraosipun: ing sajroning anggur (anggur atêgês sadaya inuman kêras) ana ala ana bêcik, amigunani utawa maedahi tumraping manungsa, nanging bêcike mau kasoran dening alane, liring sae makatên: manawi anggur wau pangombènipun kanthi murwat, têgêsipun, kalamasa manawi wontên prêlunipun tur botên kêkathahên, botên ngantos wuru (mêndêm) punika prayogi. Manawi kadamêl ajêg lajêng dados kabêtahan, punika anagihi, dados awon. Punapa malih yèn ngantos wuru, saya awon sangêt, awit kathah tiyang ngintên, inuman kêras punika sagêd ngicalakên atis. Ingkang makatên wau kalintu sangêt, ing sauwat (sagêdhagan) pancèn badan lajêng kraos bêntèr, jalaran otot-otot sami bênggang, êrah lajêng ngêmpal dhatêng kulit, lan malih urat-urating pangraos (zenuwen) sami ical, dayanipun kadosdene pêjah, satêmah botên sagêd angraosakên asrêping hawa malih. Bêntèring badan kathah ingkang muspra mêdal (nguwab) wêkasan adamêl kirang prayogi. Punapa malih manawi pinuju wontên ing panggenan asrêp, kadosdene ing parêdèn sasaminipun.
Sawênèh wontên ingkang gadhah pangintên, inuman kêras punika sagêd adamêl kiyat dhatêng badan, utawi sagêd ngicalakên sayah, punika gèsèh sangêt kalihan kayêktosanipun, awit tiyang nyambut [nyambu...]
--- 967 ---
[...t] damêl sanajan sampun kraos sayah, ingkang têmtu taksih gadhah kêkiyatan. Manawi lajêng ngombe inuman kêras, daya kêkiyatan kêkantunan wau lajêng mêdal sak kal, prasasat katumplêk sadaya, ing sagêdhagan kados rosa-rosaa, ananging wêkasanipun badan lajêng nglêmpuruk, labêt kaoncatan bayu.
[Grafik]
Tiyang ingkang pakarêmanipun apyun.
Tiyang ingkang kulina minum punika kêkiyatanipun prasasat wontên ing inuman. Yèn pinuju kêtagihan, sangsara sangêt, mèh sami kalihan kêtagihan tike, ingkang limrahipun lajêng botên sagêd anggulawat, botên doyan nêdha lan botên sagêd tilêm. Sagêdipun anjênggêlêk utawi anggulawat yèn dipun inumi malih. Awit saking punika sanajan wontên ing siti bêntèr utawi asrêp, tiyang-tiyang ingkang pangupajiwanipun ambujêng ulam lodan (Walvisch) racak-racakipun sami nyirik dhatêng inuman kêras wau.
Punapa malih kêladuking minum, sagêd adamêl mêndêm, ingkang nuwuhakên saru, utawi ngrisak, inggih punika ambibrahakên tatakrama, mila sarengating agami Islam, ngawisi sangêt sadaya inuman ingkang ngêndêmi, jalaran ngicalakên kaèngêtan, sanalika supe ing wajib, cêpak nêpsunipun, saha asring adamêl dadakaning tukar pabên. Mila makatên, awit kenging kawastanan tiyang minum punika mokal sagêdipun nêtêpi sarengating agami, sanajan Islama, Kristêna, utawi Budaa.
Kathah para dhoktêr ing Eropah, ngyêktosi inuman kêras punika kalêbêt dados sabab ingkang anjalari sêsakit ewah, sapanunggilanipun, tuwin lampah utawi tekad ingkang awon, kados ta: mandung, sasaminipun, saha malih wontên ingkang gadhah pangintên inuman kêras punika sagêd damêl rikating pangêjuripun têtêdhan ingkang wontên ing padharan, punika inggih kalintu malih, awit badan ingkang saras, sabibaring nêdha, lêt tigang jam utawi dangu-dangunipun gangsal jam, têmtu sampun lajêng kraos luwe. Sanajan yèn nêdha ngangge minuman samantên dangunipun wau, sagêd dèrèng kraos luwe. Ewadene rikating pangêjuring têtêdhan wau, rèhning prasasat ngangge kêkiyatan pêksan, jalaran nêpsu nêdha ginugah, dados kêkiyatanipun kapêksa tumindak malih, têmtu kêsuhipun kêlangkung-langkung ngungkuli limrahipun.
Milanipun prayogi ingkang ngatos-atos dhatêng inuman kêras wau. Botênipun nyirik babarpisan inggih sagêda nyêgah. Makatên ugi tumraping pakarêman tuwin kanikmatan sanès, inggih sampun ngantos dados têlukipun ingkang ngantos kenging dipun êrèh [ê...]
--- 968 ---
[...rèh] dening pakarêman, utawi kanikmatan, awit awoning sadaya pakarêman utawi kanikmatan, punika manawi sampun sagêd nêlukakên dhatêng tiyang ingkang gadhah pakarêman utawi kanikmatan wau lajêng dados ngrisak. Mênggah watakipun pakarêman tuwin kanikmatan punika manawi sampun linampahan sapisan utawi kaping kalih lajêng nêdha kaping tiga salajêngipun, yèn tansah dipun turuti, lajêng matuh dados kabêtahan ingkang nênuntun dhatêng katunan utawi karisakan.
Mila wusananipun atur pêpèngêt kula dhatêng ingkang karsa maos sêrat punika, sadaya-sadaya wau kêdah sampun ngantos nilar pamatawis.
Sumadirêja.
Pasar Gambir
Kados para maos sampun kathah ingkang sami uninga, bilih ing Batawi sabên taun dipun wontênakên karamean saha ingkang sinêbut: Pasar Gambir. Pramila dipun wastani makatên, jalaran papan panggenanipun karamean wau wontên ing alun-alun Gambir.
Badhe têmpuking dintên karamean Pasar Gambir wau samangke sampun cêlak sangêt. Ing ngriki pêpêthan utawi wêwangunaning griya los, panggung, bango-bango kangge dhasar sêsadean barang-barang tuwin bangsaning dhêdhaharan, punapadene pêpasrèn, ingkang adi aèng anêngsêmakên tiningalan tuwin sanès-sanèsipun, sanadyan dèrèng samapta babarpisan, nanging para maos sagêd mirsani gambar-gambar punika, wusana tamtu lajêng sagêd angintên-ngintên: wadhuh- gèk badhe kadospunapa rame sarta asrining sawangan ingkang tansah andudut manah.
Pramila para sadhèrèk tuwin para priyantun ingkang cêlak saèstu badhe kalêksanan nyatakakên piyambak benjing têmpuking Pasar Gambir wau, dene tumrap ingkang sami têbih-têbih padunungan utawi padalêmanipun, sampun kuwatos, tamtu inggih badhe sagêd tumut amirsani, ingkang prasasat anyipati (nguningani) piyambak, sabab pun Petruk sagah badhe adamêl wawasan ing bab kawontênan wau, tur kajawi kanthi taliti anjalimêt, botên kantun sinalundhingan ing lêlucon, ingkang sakalangkung amranani. Dados cêkakipun, pun Petruk niyat ingsun dados wakil sêsulih panjênêngan sadaya para sadhèrèk, para priyantun, para sudagar lan sasaminipun, anjêmbarakên polatan, ingkang salajêngipun badhe adamêl suka pirênaning panggalih tuwin anuntuni kabêgjan lan kautaman.
Mênggah ingkang makatên punika, sintên ingkang dèrèng kaparêng sami dados mitra namanipun pun Kajawèn, dipun enggal cekat-cèkêt lajêng amundhuta dados langgananipun tumuntên.
Sadaya ingkang kasêbut ing nginggil punika namung atur salugu, sanès satunggiling pangiming-iming saha inggih sanès têmbung balondrongan. Măngga, bêbabasan:[1] ala gêlar, dene yêkti.
--- [969] ---
Pasar Gambir
[Grafik]
Pasar Gambir sampun mèh bikak, panjênêngan sadaya tamtu badhe sagêd amirsani karamean wau, ingkang anênarik manah tuwin angindhakakên jêmbaring polatan.
[Grafik]
Nginggil punika gambar papaning griya-griya ing Pasar Gambir. Dene ing sisih têngên punika gambaripun kori gapuraning Pasar Gambir ingkang sisih kilèn.
[Grafik]
Sisih kiwa patamanan ing samadyaning Pasar Gambir. Ing wingking kori gapura.
[Grafik]
Katingal anèh, sabab kapoto saking sanginggilipun manara. Ingkang katingal sanès manaranipun, nanging namung wêwayanganipun.
--- 970 ---
Tanah dalah Têtiyangipun
Tata Ngadatipun Têtiyang Siti Tanah Gêduwang
Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.
Mênggah tata ngadatipun têtiyang siti tanah Gêduwang kados ingkang kajèlèntrèh ing ngajêng wau, jaman samantên inggih lêrês nama sagêd nyuda kaborosan tumrap anggêmèni barang darbèkipun piyambak, nanging pinanggihipun têka sagêd nuwuhakên rêrêsah. Kenging dipun pêsthèkakên, sabên dhawahing wulan ingkang dados măngsa pacêklik wau, têmtu kathah lampah kadurjanan, pandung, begal sasaminipun, obong-obongan griya ugi pakarti kadurhakan prasasat sabên dalu wontên. Sirêping rêrêsah yèn ngadat pacêklik wau sampun tutup (măngsa panèn pantun).
Nanging kawuningana, jaman sèkêtan taun mrika, samantên kula nyipati piyambak, lampahing pajagèn tumrap tata têntrêm umum ingkang dados kuwajiban pulisi, nama taksih gampil-gampilan sangêt, makatên malih, wontênipun punggawa pulisi punapadene tumindaking pajagèn tata têntrêm umum, ugi taksih sakêdhik sangêt, kadugi namung saparadasanipun kalihan kawontênan ingkang tumindak jaman samangke punika. Kala rumiyin sabên sak ondêran dhistrik ingkang dipun wêngkoni watawis pasitèn 6-8 pal pasagi wiyaripun, măngka pulisi namung dipun wontêni: mantri gunung satunggal, carik satunggal tuwin jinêman kalih, sabên dintênipun padamêlan ingkang dipun tindakakên namung paprentahan praja magrok ing kantoran, kêcêkapipun tindak wau sarana pambiyantunipun bêkêl-bêkêl dhêdhusun ingkang dipun wêngkoni. Priyantun pangagêng dhusun sanèsipun ugi dipun wontêni kathah, kados ta: pangkat panèwu, mantri, dêmang, răngga tuwin pratinggi, mèh sabên 2-3 dhusun dipun wontêni satunggal, ananging sadaya wau botên kawajibakên dhatêng padamêlan pulisi babarpisan, padamêlan ingkang dipun wajibi namung nindakakên pakaryan tanêman kopi, dados panggaotan kagunganipun nagari Mangkunagaran. Panjagi tata têntrêming dhusun-dhusun, prasasat cêkap namung wontên wêwênanging bêkêlipun dhusun ngriku piyambak-piyambak. Makatên malih, priyantun-priyantun sadaya wau, botên wontên ingkang wêdalan saking pamulangan utawi wêdalan saking Sala (kitha Mangkunagaran), ananging sami angsal silah priyantun dhusun ingkang nalika alitanipun kemawon sawatawis wulan laminipun suwita minăngka magang wontên praja, makatên salajêngipun turun-tumurun, mila karanipun ingakathah sinêbut: priyantun patuh, namung panèwu tuwin mantrinipun dhistrik (kala rumiyin nama panèwu utawi mantri gunung) punika ingkang kêdah wêdalan pawiyatan saha asli priyantun salêbêting kitha.
Băngsa Tyonghwa ingkang dêdunung ngriku, namung satunggal sabên sakadhistrikan, inggih punika paktêrcandu ngiras têbas prabeya potong gurung (pamragat rajakaya). Băngsa Walandi wontên satunggal, inggih punika pangagênging pakaryan tanêm kopi kagungan nagari. Sêkolahan punapadene pakêmpalan-pakêmpalan, [pakê...]
--- 971 ---
[...mpalan-pakêmpalan,] saya dèrèng paja-paja wontên. Têtumpakan ingkang wontên sawêg kapal, bilih tumrap priyantun utawi pangantèn èstri: lampahipun numpak: tandhu utawi krêmun karêmbat ing kuli. Marginipun kangge langkung ing bênawi taksih lampah baita, sapraja Surakarta dèrèng wontên sapanggenan kemawon margi sabrangan bênawi ingkang dipun karêtêg.
[Grafik]
Ilèn-ilèn toya (irigasi) ing laladan Wanagiri, jaman kamajêngan.
Mangsuli bab tangadat[2] têtiyang siti tanah Gêdawung, sarêng sampun ngancik jaman kamajêngan, watawis kawan dasanan taun sapriki, untap-untapan kalihan jumênêngipun Kangjêng Gusti Mangkunagara VI ngasta pusaraning praja. Kabêkta saking santun-santuning tatanan praja punapadene ewah-ewahan enggal tumrap sêsanggènipun kawula ing sapraja Mangkunagaran, kados ta: (tumrap tanah Gêduwang kemawon) panggaotan nanêm kopi wiwit rucat botên dipun wontênakên malih. Sadaya priyantun pangagêng dhusun, punggawa paprentahan praja tuwin sapanunggilanipun dumugi bêkêl dhusun, kêdah pêndhêtan saking nagari ingkang wêdalan pawiyatan kanthi dinadar kasagêdanipun. Pajêg bau kuli dhusun kasuwak santun dados pajêg arta. Botên dangu lajêng pranatan siti komplet. Pangkat bêkêl kaicalan santun dados kapala dhusun, racak-racak inggih pêndhêtan saking nagari wêdalan pawitan[3]
ugi. Botên dangu malih lajêng dipun wontêni sêkolahan warni-warni. Nuntên gagrag mapas rema (gundhul), saya lami lampahing kamajêngan sangsaya [sangsa...]
--- 972 ---
[...ya] ngangsêg. Băngsa Tyonghwa, têtiyang saking kitha kathah ingkang sami dêdunung ing tanah Gêduwang. Wasana lajêng tuwuh ada-ada pakêmpalan warni-warni, gagrag enggal saya majêng-majêng. Lah punika tata ngadat angwontênakên măngsa pacêklik wau lajêng wiwit suda kêlimrahipun, saking sakêdhik têtiyang siti ngriku sampun botên prêlu nganggèkakên malih, kantun saperangan alit kemawon ingkang taksih ngangge utawi damêl măngsa makatên wau. Wontênipun rêrêsah kadurjanan, obong-obongan griya sasaminipun, kenging dipun wastani sampun sirêp, nanging lajêng têtumpakan motor bis sabên dintên kesah dhatêng tanpa towong. Bênawi ingkang kangge langkung sampun dipun wontêni karêtêg santosa.
Dumugining jaman sapunika, tata ngadat tanah Gêduwang kina wau sampun sirna babarpisan, tabêtipun kemawon prasasat sampun botên wontên, nanging lajêng santun ngangge tata ngadat gagrag kaum mudha sadaya kados ingkang limrah kangge pundi-pundi panggenan. Namung dumugi samantên cariyos bab tata ngadatipun têtiyang siti tanah Gêduwang jaman rumiyin ingkang pantês dados gotèk ing Kajawèn ngriki, lowung kangge pêpak-pêpaking waosan. Sukur bilih prêlu kenging kadamêl pêpiridan, jêr tata ngadat makatên sanadyan paedah sagêd nyuda kaborosan, nanging yèn pinanggihipun sagêd nuwuhakên rêrêsahan umum, dadosipun malah langkung saking tindak kaborosan, wasana nyuwun pangaksama para maos.
P.K. 585
Pasar Malêm Nasional ing Surabaya
[Grafik]
Sêsawangan bango komite nuju pasar malêm Nasional ingkang kaping III ing Surabaya.
--- [973] ---
[Iklan]
--- 974 ---
Panggulawênthah
Cacad Jawi
Sambêtipun Kajawèn nomêr 61.
Tiyang èstri wau paribasanipun swarga lan naraka nunut. Dados awon lan sae wau namung dumunung ing tiyang jalêr.
Sok wontên ugi trêkadhang ingkang jalêr cul bidhal dhatêng kantor (nyambut damêl) ingkang èstri lajêng blas kesah dhatêng tăngga utawi dhatêng sanèsipun, yèn ta prêlua, tiyang inggih botên. Dadosa kesah bok inggih manah wingking, sêdhiyanipun ingkang jalêr mangke yèn dhatêng saking padamêlan. Sadhatêngipun ing panggenan ngriku prêlu ngêlus-êlus bok lara lèmpèng alias kucing dèngkèk upaminipun. Yèn botên inggih namung ngêcuwis, ngrêmbag ini dhan itu, ngantos kasupèn griya ingkang dipun tilar wau. Kangge pawadan ing griya aras-arasên utawi botên wontên damêl, alkamdulilah, mokal yèn ing griya sêpên padamêlan, kok inggih tanpa akal, masa inggih griya botên wontên padamêlan. Bok yèn kirang padamêlan mirsanana utawi ngomêndiri anggènipun olah-olah kokinipun, utawi maos-maos buku punapa koran, punapa punika sanès padamêlan, tur ngindhakakên sêsêrêpan ingkang maedahi, utawi yèn wanita ingkang pintêr nyulam utawi bordhir lan sasaminipun, bok inggih puruna uthak-uthik katimbang aras-arasên. Saèstu botên badhe sêpên yèn purun tumandang.
Dene mangke ing wanci sontên sami jêjagongan jalêr èstri sinambi ngombe wedang, ugi botên sêpên ing rêmbag. Kados ta ingkang jalêr nyariyosakên bab padamêlan kantor lan sapanunggilanipun. Dene ingkang èstri bab padamêlan griya lan bêtahing sabên dintênipun, tuwin kasambi jarum-jarum utawi nyulam-nyulam. Kajêng kula ngrêmbag padamêlan griya lan bêtah punika wau, kêdah dipun reka lan dipun timbang têtiyang kalih amrih dados saenipun. Langkung prayogi nitipriksa kasbuk, cathêtan wêdalipun arta ing dalêm sadintên-dintênipun. Bokmanawi wontên bêtah ingkang kirang prêlu kenging kasuwak, awit ngakathahi wêdalipun arta, ngèmuti ing samangke jaman susah, kêdah kasbuk sakêdhap-sakêdhap dipun titipriksa, karêmbaga tiyang kalih. Bilih botên wontên ingkang karêmbag malih, mugi samia mados sêrat kabar, supados anguningani obah-osiking jaman.
Punapa ingkang kula sêbutakên ing nginggil wau, sampun nama padamêlan ingkang suraos ngirangi rêmbag ingkang botên-botên, nanging mangke gèk dhong jêjagongan ing ngèmpèr ngajêng, măngka wontên tiyang langkung ingkang sampun têpang, wusana lajêng nyariyosakên, bilih botên rêmên utawi kirang mathuk dhatêng tiyang ingkang nêmbe langkung wau, amargi tiyang wau rêmên main, upaminipun, dene piyambakipun botên. Punapa malih lajêng pangrêmbagipun ngrambyang-ngrambyang ingkang ngêmu raos botên sakeca, hla punika kula ingkang tobat saèstu. Têka angsal kemawon [kema...]
--- 975 ---
[...won] ingkang dipun rêmbag wau. Makatên wau sampun anandhakakên bab gêthingan. Bok inggih sakajêngipun, tiyang rak gadhah kasênêngan piyambak-piyambak. Dados botên prêlu gêthing sasamining tumitah. Wondene botên rêmên dhatêng pandamêl wau (main) sampun tumut anglampahi, sampun anggêthingi tiyangipun, punika kirang prêlu. Punapa yèn sêsrawungan kalihan tiyang rêmên main lajêng dados sagêd, punika botên badhe, niyat ingkang dados. Yèn niyatipun botên badhe main, rukuna kados punapa inggih botên badhe sagêd.
Prakawis anggêthingi tiyang main, sampun kangge tuladha. Kula badhe mêndhêt tuladha malih, inggih punika pêngolok dhatêng agami utawi pangkat.
Agami utawi pangkat punika, ingkang wajib (wênang) nglampahi inggih sintên ingkang rêmên lan panci gadhah kaantêpan dhatêng punika wau, botên kenging lajêng sami olok-olokan, utawi mêmada. Upami wontên satunggiling tiyang agami Islam lajêng ngolok-olok tiyang agami Kristên, ing sêmu nyêpèlèkakên, mêmada lan ngasorakên, botên purun sêsrawungan tur botên rukun. Botêna sêsrawungan punika, yèn botên katawis sêngitipun, tiyang ing sêmu malah dipun sêngaja. Samantên ugi pangkating satunggal-satunggaling tiyang. Wontên kemawon tiyang ingkang botên rêmên dhatêng pangkat pangrèh praja (B.B.) lajêng kawêdal pangolok ingkang damêl sêriking manahipun ingkang nglampahi. Kula nate mirêng pitakenan makatên: yagene kok dadi guru, wong sêkolahanmu biyèn ana ing pamulangan calon priyayi pangrèh praja. Wontênipun pitakèn wau têmtunipun kirang mangrêtos dhatêng sabab-sababipun. Hla dipun pitakèni makatên kemawon wangsulanipun têka nyênêpakên padharan. Hla bok inggih cariyos kemawon yèn botên rêmên pangkat punika, kados rak sampun cêkap ta. Nanging wangsulanipun beda sangêt, makatên: bok dibayar pirang atus, yèn nganti dak lakoni. Sapa sing gêlêm, wong sabên-sabên dikon ngesot sila pirang-pirang jam, tur ora kêndhat ing sêmbah. Mêngko yèn kêbênêr kabupatèn ana gawe sing wadon dibênum dadi koki ora wêruh jawane jaga dhapur, barêng sing lanang yèn isih cilik pangkate dibênum dadi jongos, asah-asah piring sapanunggalane. Măngka ingkang pitakèn wau ugi apangkat kasêbut. O, têka inggih kasangêtên, yèn ta botên rêmên bok inggih botên susah kêkathahên cingcong, mindhak andadosakên botên sae. Badhe kasambêtan.
R.A.S. Pacitan.
Pawartos saking Administrasi
Lêngganan nomêr 3064 ing Warujayèng. f 1.50 ingkang kakintun ing wulan Mèi punika tumrap kuwartal kaping kalih= (botên kangge Mèi dumugi Juli) awit panjênêngan kapetang dados lêngganan wiwit wulan Juni 1931, dados wangsulan ing Kajawèn sampun lêrês.
--- 976 ---
Rêmbagipun Petruk lan Garèng
Bab Adêgipun H.B.S. tuwin A.M.S. Nasional
IV
Garèng : Ora, Truk, nèk aku kèlingan nyang dongèngmu ing bab lêlakone Kangjêng Nabi Musa s.a. karo para kawulane, sing banjur dicaritakake, yèn para kawulane mau ngêboti kênthang bêstike katimbang karo kamardikaning uripe, lo, kuwi aku kok gumun sasayahe. Awit ing jaman samono kuwi jarene kêna diarani walikane jaman saiki. Kala ing jaman samono, sing disêbut jêmpolan, kuwi iya para sing ngêdohi dunya brana lan sing dhêmên tapabrata, têgêse: ora dhêmên mrada... tlêponge. Mulane jaman samono, para pêng-pêngan iya padha barès-barès, tur iya lăngka bangêt sing padha nonong... wêtênge. Beda karo jaman saiki, jaman materialis, lan jaman nyara buta, têgêse: jaman mata dhuwitên, lan jaman gêndhut-gêndhutan wêtêng, sing diarani băngsa jêmpol, iya sing gêdhonge pating pêthuthuk nyang ngêndi-êndi, tur sing bisa nunggang motor: tlêsêr, tlêsêr, ngono kae, apa manèh wêtênge, lanang wedok kudu ora kêna ana bedane, loro-lorone kudu sawayahe wong mitoni kae.
[Grafik]
Petruk : Wiyah, ambok aja sok sêmbrana mêngkono. Kang Garèng, sanadyan ing jamane Kangjêng Nabi Musa s.a. durung jaman mata dhuwitên sarta ora pati nêngênake mênyang lèkêr-lèkêran kaya jaman saiki, nanging ora beda karo jaman saiki, kala samono iya ana golongan sing pancèn asor lan ana sing luhur bêbudène. Sapa wêruh, nèk para kawulane kangjêng nabi mau pancèn padha asor bêbudène. Nèk sing pancèn dhuwur têmênan bêbudène, iya têmênan aluwung mati katimbang ilang kamardikane. Aja manèh nganti kelangan kamardikane, wong isin bae iya êmoh-êmoh têmênan, nganti bisa dilakoni ngêndhat tali murda, lo, kuwi nèk băngsa jêmpolan ing jaman kuna. Nanging ambokmanawa, carane angrasakake lêlakon sing ina utawa ala
--- 977 ---
lan saru kuwi ing jaman kuna luwih ngêthèl katimbang ing jaman saiki. Nèk wis sapisan anglakoni barang ina, barang ala utawa barang saru, iya banjur diêcap bae sajêge urip ana ing dunya kene...
Garèng : Kiraku omongmu kiyi ana bênêre, Truk. Sajake kalakuan sing dhèk biyèn dadi pangewan-ewan sajêge urip, saiki mung dianggêp si- pil. Anggone diarani: ala, nistha, ina lan sapadhane, kuwi mung sabrêgadagan bae, nèk uwis iya u... wis, apamanèh nèk katon anjalêgêdhag, kalakuane ala sing biyèn-biyèn, wis dilalèkake babarpisan, sabanjure sing dikatonake mung anjalêgêdhage. Kaya ta: rikalane durung duwe apa-apa, sabên uwong sing wêruh, padha arêrasan: hla, kae wong nistha, wong saru, wong ora idhêp isin, ora prêduli sarana this-thisan, ora prêduli karam, ora prêduli kêjêm, paribasane: sanadyan kêdhêle twèdhêhan (tweedehandsch) dicuthiki manèh, pathokane anggêr bisa mundhak puluse bae. Wong kaya ngono kuwi ora prêlu diêmori, najis. Lo, mêngkono garundêlaning wong, Truk, nanging iya salawase sing digarundêli mau isih mlarad, nèk wusanane wong kiyi banjur duwe motor, apamanèh nèk nuli bisa yasa omah sing ambalindrik, wong-wonge iya banjur padha salin programah bae, unine: kae, lo, wong jêmpol, wong kampi, cara Inggrise bangsane: sèlêp mid mèn (self made-man) têgêse: wong kang olèh kaluhuran sing jalaran saka pambudidayane dhewe. Hara, alane sing biyèn: tindak kêjêm, ora mrêduli nyang barang karam, lan sapêpadhane, barêng wonge mau wis anjênggarang, banjur ilang babarpisan, nanging banjur malih: diaji-aji, dipundhi-pundhi, dijêmpol-jêmpol, lan sapiturute. Mulane iya ora salah, nèk jaman saiki kiyi diunèkake: panganggêp ala kuwi mung saprepedan. Apa manèh bab nyolong dhuwit, lo, kuwi sajake rada sêtêngah dikalalake, kaya ta: saiki dhêl ngantêm samene atus èwu. Sabab salah iya banjur: bluwêng, dilêbokake nang hotèl prodheo, nanging samêtune iya banjur: cègêr, olèh panggonan sing kêpenak manèh. Hara, apa alane kiyi ora mung saprepedan. Jajal saupama jaman biyèn, duwe laku sing kaya mêngkono kuwi, sajêge urip iya wis diêcap: wong- prê-ngus...
Petruk : Rak malah apik, ta, Kang Garèng, anandhakake yèn manusa kuwi sathithik-sathithik cara santrine mèlu-mèlu anduwèni sipat: Rohman, lan Rohim, têgêse: dadi anduwèni watak: wêlas lan asih. Kayadene omongmu ing ngarêp, kalane isih mlarad, carane golèk dhuwit iya sarana mêrêm, nganti dadi rêrasaning uwong, nanging barêng wis sugih dadi pangalêman, sapa wêruh yèn anggone tindak nistha kalane isih mlarad mau, barêng wis sugih banjur ditêbusi sarana: dhêmên driyah, budi bêcik, lan sapiturute. Mêngkono uga wong sing ngantêm krama atusan ewon, kang
--- 978 ---
wusana banjur ditulung pagawean manèh. Lo, kiyi rumasaku rak iya wis adil bangêt, awit, wong iya aran manusa, wis mêsthi bisa lali. Lali samênit kuwi pancèn iya nyata, sok bisa nuwuhake laku ala sing ora karu-karuan kae. Wis mêsthine wong mau iya kudu diukum, nanging nèk salahe mung samênit mau, banjur diukum sajêge urip, mêngko rak jênêng ora adil.
Garèng : Iya jalaran sing ngono kuwi, Truk, mulane saiki laku ala, laku nistha, laku ina, laku bangsane dur banjur mung diènthèngake bae. Seje karo jaman biyèn, wong luput kuwi malah ana sing nganti diukum turun-maturun, mulane ing jaman biyèn kuwi wonge iya ngati-ati bangêt, aja nganti tindak sing ora bêcik, awit paukumane sok nganti têkan anak putune. Mulane ing jaman biyèn, buwèn kuwi disingkiri kayadene panyakit kolerah bae. Nanging nèk jaman saiki, malah ana sing nganggêp: brêgas. Mêtu saka buwèn, kayadene: satriya sing mêntas tumurun saka pratapan, nganti sok banjur dipuja-puja kayadene ... topik kong.
Petruk : Wiyah, wiyah, iki rak seje bab manèh. Wis, wis, rêmbugane padha dipunggêl samene bae dhisik, liya dina dibanjurake manèh.
Tèntun sêtèlêng ing Den Haag
[Grafik]
Kawontênanipun kolonialê tèntunsêtèlêng ing Den Haag ingkang dipun rawuhi dening Paduka Prins Hendrik (1) saha tilas ministêr Welter (2).
--- 979 ---
KABAR WARNI-WARNI
PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.
TANAH NGRIKI.
Bupati Rêmbang tampi bintang. Kala tanggal 25 Juli R.M.A.A. Joyo Adiningrat, jumênêng bupati ing Rêmbang sampun 20 taun, mila ing dintên punika ing kabupatèn dipun wontêni pahargyan sarta panjênênganipun ingkang bupati tampi nugraha saking pamarentah, awujud bintang jêne agêng minangka tandha kasêtyanipun dhatêng nagari.
Cokorde Gde Sukawati. Tuwan Sukawati ingkang dhatêng Eropa prêlu nyinau kawontênanipun tanah Eropa lan ngawat-awati para tiyang Bali ingkang sami dhatêng Eropa prêlu mitongtonakên kagunan jogèd, sampun wangsul mawi numpak baita "Marnix". Tanggal 28 Juli Tuwan Sukawati dumugi ing Bêtawi. Samêdhakipun saking kapal lajêng tumut kêmpalan ing Raad Kawula dados warga golongan P.E.B.
Tingalan dalêm. Kala dintên Rêbo Paing ingkang mêntas kapêngkêr punika kalêrês tingalan dalêm taunan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Para bandara pangeran tuwin abdi dalêm sadaya sami sowan kados ingkang sampun-sampun, jam 9 sampun rame wontên ing pasowanan piyambak-piyambak.
Jam 10 sampeyan dalêm lênggah siniwaka wontên ing bangsal kancana ngagêm kaprabon tuwin upacara kados adat. Tuwan gupêrnur nuntên lumêbêt ing kadhaton kadhèrèkakên para ambtenaar, tuwin kumêndhan ing loji agêng saopsiripun, Walandi kabudidayan lan sapiturutipun. K.G.P.A.A. Pakualam sasêntana dalêm ugi lumêbêt ing kadhaton. Sarêng sadaya sampun atata lênggah, ajat dalêm kawiyosakên, saking dhawuh sampeyan dalêm lumadosipun unjukan dalêm wedang tèh lan tarces. Samunduring pangunjukan dalêm, tuwan guprênur sapandhèrèkpun lan tuwan-tuwan pamit kondur, sampeyan dalêm jêngkar, dene para bandara pangeran lan abdi dalêm sasampunipun nyêpêng ajat dalêm ugi lajêng bibaran.
Kabêsmèn agêng ing Borneo. Nalika dintên malêm Kêmis ingkang mêntas kapêngkêr punika ing pêkên Baru (kitha Banjarmasin) wontên kabêsmèn agêng, griya ingkang kêbêsmi wontên 9 kontên, dene barang-barang ingkang katut kabêsmi sadaya wontên rêrêgèn f 15000, nanging sadaya katanggêl dening assurantie. Kajawi punika ubaling latu agêng ugi ambêsmi barang-barang gadhahanipun tiyang dagang ngantos wontên rêrêgèn f 25000 nanging ingkang sabagean ugi katangêlakên[4] dening assurantie.
Examen pamulangan Hakim Inggil. J.J. Poublon lulus candidaatexamen ingkang kapisanan. R.M. Hapsono Wrêsniwiro lulus candidaat examen ingkang kaping kalih.
Nyonyah doktêr Sunini Murjani. Nyonyah doktêr Sunini Murjani sampun pikantuk idi saking pangagêng D.V.G. nindakakên praktik wontên ing kitha Magêlang. Dhatêngipun ing kitha wau dipun tampi komite saking Kinderêorg en Geêondheidsleer wontên ing griyanipun Tuwan Joahari, pangarsa pakêmpalan wau. Priyantun ingkang tumut angurmati dhatêngipun nyonyah doktêr wau kakung putri wontên satusan.
Guru-guru A.M.S. partikulir ing Surakarta. Miturut kabar ingkang badhe dipuri wisuda guru mulang basa Jerman ing A.M.S. partikulir ing Surakarta, inggih punika: Tuwan Mr. B. van Cin, dene ingkang badhe kadadosakên guru mulang basa Walandi Tuwan Dr. J.H. Bavinck anggêntosi Tuwan Sujadi, ingkang lajêng badhe kapasrahan mulang pangajaran sanèsipun. Mênggah ingkang badhe mulang wiskunde: Tuwan Sutaya.
Pamulangan enggal punika wiwitipun kabikak benjang tanggal 1 Sèptèmbêr 1932.
Kuli kontrakan ing Sukamandi. Dintên Rêbo tanggal 28 Juli wontên angkatan tiyang jalêr èstri kiranglangkung wontên kalih atusan saking distrik Cicalêngka lan Garut dhatêng kontrakan ing Sukamandi bawah Subang, prêlu badhe nyambut damêl ing kontrakan ngriku. Dene padamêlanipun inggih punika damêl bênang sutra saking sêrat nanas. Tiyang-tiyang wau anggènipun sami dhatêng nyambut damêl ing Sukamandi saking kajêngipun piyambak, botên mawi prajanjian punapa-punapa. Anggènipun nyambut damêl kabayar borongan, miturut angsal-angsalanipun.
Têtandhingan waragad. Wontên satunggiling mantri inlichter damêl têtandhingan, kawrat wontên ing S.O. suraosipun makatên: wontên inlichter tiyang siti lan wontên inlichter Wêlandi, padamêlanipun sami, nanging balanjanipun beda. Tumrap tiyang siti, kathah-kathahipun f 70.- manawi Walandi f 325.-. Waragad mlampah, tiyang siti f 2.50.- tumrap sêpedhah, utawi f 12.50 tumrap kapal, tumrap Walandi f 30.- f.70. utawi manawi dados controle f 90.- tuwin taksih wontên têtandhingan sanès-sanèsipun malih.
Tindak nandhing-nandhingakên punika nama sampun limrah, luwung kenging kangge anjêmbarakên wawasan.
Rawa Pêning ing Ambarawan.[5] De Locomotief martosakên bilih rawa Pêning ing Ambarawa ing wêkdal samangke badhe kangge ngingah ulam ingkang gêsang ing toya tawa. Rawa wau ugi sampun kapriksa kawontênanipun dening punggawa consulent sarta punggawa wau ugi sampun pados katrangan ingkang prêlu-prêlu. Benjang wulan Sèptèmbêr rawanipun badhe wiwit dipun rêsiki lan dipun lêbêtakên sarta dipun icali ulam-ulamipun ingkang dados ama.
Manawi niyat punika èstu dipun lêksanani mêsthinipun kenging kangge mitulungi nyukani padamêlan dhatêng tiyang angguran.
Wangsulan kuli kontrakan. Miturut kabar nalika tanggal 28 Juli kapal "Van Treub" pangkat saking Medan ambêbta[6] kuli-kuli sabatihipun gunggung wontên 863 tiyang badhe kawangsulakên dhatêng tanah Jawi. Salajêngipun mêsthinipun sampun botên badhe wontên angkatan kuli kontrakan dhatêng Medan malih.
--- 980 ---
Wêwaosan
Kêlêm ing Katrêsnan
29.
Sarêng Suwita sampun katog anggènipun nangis, lajêng tilêm wontên pangkoning biyungipun. Nanging sarêng kasèlèhakên, nangis malih, makatên wau ngantos wongsal-wangsul, ngantos mèh byar, têntrêm-têntrêm sarêng Radèn Ayu Prawira tumut ngêloni wontên ing ngriku.
13. Uwal saking gênggêman
Enjingipun, Radèn Ngantèn Sumarta taksih enjing sampun rêrêsik ngajêngan, langkung enjing tinimbang padatan, awit sêlak badhe kesahan. Sarêng sampun rampung anggènipun rêrêsik lajêng dandan, saha matur dhatêng Radèn Ayu Prawira badhe dipun dhèrèkakên dhatêng kantor pos.
Wangsulanipun Radèn Ayu Prawira: Prêlune apa ta dhuk, aku kogawa-gawa mênyang kantor pos.
Inggih prêlu panjênêngan piyambak, badhe napak astani sêrat kalawingi. Sanadyan panjênêngan namung sagêd sastra Arab, inggih kenging. Măngga ta tumuntên bidhal, punika sampun siyang.
Ana apa ta Dhuk, kêsusu-susu.
Anu bu, badhe rêmbagan kalihan tuwan pangagêng pos rumiyin, awit nama rêmbagan ing sajawining prêlu, inggih punika nyuwun pitulung supados gampil sagêdipun nampèni sêrat wau. Mokal saupami panjênênganipun botêna purun mitulungi.
Radèn Ayu Prawira lajêng dandos, sarêng sampun rampung lajêng bidhal, nanging taksih katingal anggènipun grunêngan, ngantos dipun êruh-êruhi mantunipun: Ingkang panjênêngan wêgahi punapanipun, ta bu.
Wangsulanipun: Satêmêne aku rada ulap mênyang Lănda, la wong ora kêna luput sathithik bae banjur gêdrug-gêdrug, muni-muni.
Radèn Ngantèn Sumarta ing salêbêting sêdhih ngantos sagêd ngengisakên gujêngipun. Lajêng mangsuli: Inggih botên sabên Walandi kados makatên. Manawi prakawis mungêl-mungêl, kasaripun punapa ngungkuli ungêlipun bapakipun thole manawi nuju wontên ing griya.
Iya bênêr: dhuk, bojomu yèn wis nêpsu iya prêdam-prêdom kaya Walănda, kuwi wis lunyu saka dadi pakulinan.
Nanging bu, tumrap Walandi ingkang sae, ingkang ambêg susila, tamtu botên purun gadhah tindak kados makatên, saya malih ngucap kasar wontên sangajênging wanita, punika lumuh babarpisan.
(Badhe kasambêtan)
Pêkên Kewan
[Grafik]
Untabipun têtiyang sade tinumbas kapal ingkang ajêg kawontênakên ing sabên taun ing Middelburg Nèdêrlan.
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
[Iklan]
--- [0] ---
1 | bêbasan. (kembali) |
2 | tata ngadat. (kembali) |
3 | pawiyatan. (kembali) |
4 | katanggêlakên. (kembali) |
5 | Ambarawa. (kembali) |
6 | ambêkta. (kembali) |